Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 25-32)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 01-10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  2. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 11-14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  3. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 15-19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  4. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 20-24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  5. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 25-32). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  6. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 33-40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  7. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 41-47). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  8. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 48-57). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
Image

25. Mijil

1. jêng pangeran dipati wus mijil | saking jro kadhaton | ginarêbêg ing para manggunge | upacara atata nèng ngarsi | kang ngampil pra manis | asri yèn dinulu ||

2. banyak dhalang lawan sawunggaling | ardawalika wor | kinang êmas lêlantaran gandhèk | kêkuthuk mas lan kacu mas adi | kang samya angampil | wanudya yu-ayu ||

3. samya ngagêm sami sutra kuning | asri lamun tinon [tino...]

--- 87 ---

[...n] | nulya rawuh paglaran tindake | munggèng basalbangsal pêngrawit lênggah glis | ing dhêdhampar rugmi | lèmèk kasur babut ||

4. pêpak sagung wadya kang anangkil | myang santana katong | Adipati Môndraka jajare | lan kang putra Pangran Mangkubumi | kadwinya atêbih | lan sang rajasunu ||

5. myang Pangeran Singasari nangkil | jajare alunggoh | nênggih Adipati Pugêr mangke | lan Pangeran Juminah prituwin | miwah Adipati | Wiramanggla ngayun ||

6. atanapi Pangran Purbaya di | sowannya abungkoh | Dipati Têpasana jajare | myang Dipati Pringgalaya maswi | lawan Adipati | Jayaraga ngriku ||

7. wusdene Dipati Martalaya diLebih satu suku kata: wuse Dipati Martalaya di | lan kadange kono | Arya Jayasupônca têpunge | Adipati Pajang wus anangkil | miwah Ki Dipati | Dêmak ta ing ngriku ||

8. myang sagunging mantri ing Matawis | sêk supênuh kang wong | anadene ing Kêdhu Bagêlèn | pan sadaya prasamya amaswi | tuwin wadya baris | wus tata gyanipun ||

9. dan jumênêng Pangran Mangkubumi | gya undhang gunging wong | lah ta padha èstokêna kabèh | yèn ing mêngko gèr Pangran Dipati | sun junjung dadya ji | Mêngkurat Matarum ||

10. lamun ana kang malang ing kapti | gung santananingong | lah ta mara têkakêna mangko [mang...]

--- 88 ---

[...ko] | iya aku tandhingira jurit | putra sada jrihKurang satu suku kata: putra sadaya jrih | prasamya mituhu ||

11. wusdene sagung wadya Matawis | gêng alit sakèh wong | ya ta ngriku angèstrèni kabèh | pan kapundhi dhawuhing dipati | Pangran Mangkubumi | sanalika mashur ||

12. marang sagung wadya ing Matawis | Pangran Dipatyanom | yèn wus jumênêng sultan ing mangke | amêng rat nênggih ing MatawisKurang satu suku kata: amêngku rat nênggih ing Matawis | gung wong suhud bêgti | mring kangjêng sinuhun ||

13. lah ing ngriku laminya anênggih | dènnya mêngku kraton | nagri Mataram gêmah arjane | datan ana wong kang laku sandi | parentahnya adil | jêjêg gamanipun ||

14. ya ta wau sang nata tinangkil | pêpak kang ponang wong | pra santana samya maswi kabèh | lah ing ngriku ngandika sri mulki | hèh wong MatawisKurang satu suku kata: hèh wong ing Matawis | ingsun arsa mundhut ||

15. gawenira karyakna sun iki | pijaga ing kulon | danalaya ing kono arane | sakuloning kadhatonku iki | wadya nyandikani | glis nulya anambut ||

16. karsanira kangjêng sri bupati | mêng-amêngan kang wong | laweyan pêthak langkung agênge | pun Juru Taman ingkang kêkasih | nèng dalêming puri | sigra kinèn mêtu ||

17. nèng kêdhatyan datansah ngrusuhi | ngèmpêr jêng sang katong | para garwa kèh klèntu dadine | klangênan sagungira kagimir |

--- 89 ---

dèn nyana sri mulki | ngriku milanipun ||

18. lah ing kono tamanan wus dadi | asri lamun tinon | danalaya anênggih namane | Juru Taman gya wus kinon mijil | anèng tamansari | ing kono gyanipun ||

19. purwanira Jêng Sultan Matawis | punjul ing prang popor | ngambah jêladri lir ratan pindhaneLebih satu suku kata: ngambah jladri lir ratan pindhane | lamun arsa ngidêri kang nagri | sakêdhap gya prapti | nênggih milanipun ||

20. sabab juru taman ingkang nyunggi | sapurug sang katong | mila nglangkungi nata sêktine | wusdene lamun tiking latriKurang satu suku kata: wusdene lamun tindak ing latri | kang writ tan bayani | myang drigamèng kewuh ||

21. lah ing ngriku jêng sultan siniwi | sêk supênuh kang wong | pra santana samya nangkil kabèh | Dipati Môndaraka tan têbih | Pangran Mangkubumi | jajarira lungguh ||

22. kêlawan Pangeran Singasari | nèng byantara katong | Martalaya kang anèng wurine | mung Pangeran Pugêr kang tan maswi | wit lingsêming galih | dene kadang sêpuh ||

23. langkung merang maswi mring kang rayi | prênah kadang anom | Adipati Pugêr ing sêdyane | adarbea cêcangkok pribadi | Dêmak ingkang nagri | ing ngriku pinundhut ||

24. angandika Jêng Sultan Matawis | mring Môndraka alon | wusdene lan Ki Mangkubumine | paran karsa ing mangke puniki | kakang Mas Dipati | Kapugêranipun ||

25. botên dados ecaning panggalih | aseba maringong | ing karsane kangmas Pugêr

--- 90 ---

mangke | adarbea pêthilan pribadi | ing Dêmak nagari | kakang mas gyan mundhut ||

26. paran karsa pêkênira mangkin | Môndraka turnya lon | yèn sêmbada tinurut karsane | lah kapriye ta Ki Mangkubumi | Pangran Mangkubumi | ature jumurung ||

27. inggih malah dadosa kang tampi | Mataram sang katong | Môndaraka asru pangandikaneLebih satu suku kata: Môndraka asru pangandikane | hèh sakèhe pra bupati mantri | padha ingsun tari | priye rêmbugipun ||

28. wadya Mataram asaur-paksi | dhèrèk karsa katong | wontên ngriki pakèwêt kalbune | gih suwawi darbea nagari | pra sêntana sami | sadaya jumurung ||

29. sri narendra angandika aris | dhumatêng ponang wong | aturana kangmas Pugêr age | sigra mangkat utusan wus prapti | Kapugêran inggih | duta sigra matur ||

30. inggih kawula gusti tinuding | dening rayi katong | angaturi paduka dèn age | ingantosan wontên ing sitinggil | pangeran wus dugi | ing karsa sang prabu ||

31. gya kampuhan wus nitih turanggi | pangeran gya miyos | sêsandêran pan aglis praptane | ing ngarsanira wau kang rayi | jajar dènnya linggih | Môndraka nèng ngayun ||

32. angandika kangjêng sri bupati | mring kang raka alon | inggih kangmas paduka ing mangke | darbènana ing Dêmak nagari | nama adipati | ing Dêmak puniku ||

33. ingkang raka anuwun nampèni | ing sabda [sa...]

--- 91 ---

[...bda] sang katong | wus mupakat ing wadyabala kèh | yèn Pangeran Pugêr asêsilih | jumênêng dipati | ing Dêmak puniku ||

34. angandika malih sri bupati | mring kang raka alon | kangmas Pugêr lajênga ing mangke | budhal dhatêng ing Dêmak nagari | sandika dipati | gya salaman sampun ||

35. nulya kondur kangjêng sri bupati | malêbèng kadhaton | kang sewaka samya bubar kabèh | adipati ing Dêmak wus prapti | ing dalêmira glis | lajêng dandan sampun ||

36. garwa putra wus mrantya prasami | gya budhal ponang wong | tan kawarna ing marga lampahe | ing nagari Dêmak sampun prapti | lajêng sang dipati | narubkên madya gung ||

37. wadya Dêmak asuyut prasami | ngidhêp sagunging wong | mring dipati ing Dêmak ta mangke | sakathahing wong Dêmak samya jrih | marang ki dipati | kèh samya anungkul ||

38. pamomonge pangeran duk nguni | tôndha nagri agrong | pan ing mangke jinunjung lungguhe | Adipati ing Pijêr anênggih | wastanira mangkin | janma kèh wus mashur ||

39. pan kinarya wau kang pêpatih | parentah ponang wong | wadya Dêmak samya ngèsthi kabèh | Adipati Dêmak wirya mukti | tinimbang Matawis | ing kamuktènipun ||

40. nalikanira Dêmak kariyin | kocapa sang katong | ing Mataram sineba wadyandhèr | para santana prasamya maswi | myang para bupati | nèng byantara prabu ||

41. wontên [wontê...]

--- 92 ---

[...n] ingkang sadhèrèk kêkalih | wragiling sang katong | Mas Têmbaga anênggih namane | Ki Mas Kêdhawung ingkang satunggil | karsanya sang aji | yun jinunjung lungguh ||

42. ngandika lon kangjêng sang sri mulki | dhatêng wadya katong | ngèstokêna wadyaningsun kabèh | ariningsun Ki Têmbaga mangkin | sun junjung kang linggih | lan Dhimas Gêdhawung ||

43. Ki Têmbaga jênênga dipati | Pugêr karsaningong | Ki Gêdhawung sun paring namane | iya Pangran Dêmang Tanpanangkil | samya angèstuti | wadya ing Matarum ||

44. sri narendra angandika malih | marang sagunging wong | kakang êmas ing Dêmak ta mêngko | apa nora suwala ing budi | ing Dêmak nagari | apa ta wus suyud ||

45. Martalaya sigra awotsari | matur jêng sang katong | pan kawula miyarsa wartine | inggih sae raka paduka ji | pan sampun akardi | patih namanipun ||

46. Tôndhanagara jinunjung linggih | mring raka sang katong | Adipati ing Pijêr wastane | langkung karta sultan sukèng galih | tandya sri bupati | kondur dalêm agung ||

47. samya kêbut punggawa kang nangkil | ngriku sang akatong | kang kocapa ing Dêmak ta mangke | adipati pan lagya tinangkil | dene para mantri | pêpak anèng ngayun ||

48. wus alami dipatya ing mangkin | tan maswi sang katong | pan kalimput dening ing kamuktèn | wontên bupatinipun [bupati...]

--- 93 ---

[...nipun] satunggil | Dipati ing Gêndhing | ika wastanipun ||

49. sigra matur mring sang adipati | wotsêkar turnya lon | pan kawula anuwun karsane | dene tan na maswi mring Matawis | atur amba gusti | inggih sampun tanggung ||

50. pan nagari saêlèring wukir | binahaka kang wong | kinon ngidhêpa mring Dêmak kabèh | lan paduka jumênênga aji | mapan tunggil wiji | lan rayi sang prabu ||

51. sampun pantês paduka jêng gusti | jumênênga katong | wong kang êlèr paduka ratune | rayi narpa jumênêng Matawis | ing Dêmak narpati | paduka apatut ||

52. adipati ing Dêmak sigra ngling | bapa byantu ingong | apan ingsun wus mikir lamine | nanging durung ana kanthi mami | mêngko sira iki | dadi rowang ingsun ||

53. langkung suka tyasira dipati | gya jumênêng katong | DipadiDipati Dêmak langkung sukane | miwah sagung ingkang para mantri | suka tyase sami | sadaya jumurung ||

54. angandika sira adipati | kabèh wadyaningong | lah ta sira lungaa dèn age | bapa anêlukna sak lor wukir | konên seba mami | prihên padha suyut ||

55. lamun bôngga patènana sami | rabine binoyong | wadyanira nulya pamit kabèh | anglampahi parentahing gusti | sampun dèn bahaki | wong salèh ring gunung ||

56. ingkang bôngga samya dèn pêjahi | rabine binoyong | wus misuwur ing Dêmak balike | Dipati Pajang miyarsa warti | yèn Dêmak wus balik | gya

--- 94 ---

utusan sampun ||

57. mring Mataram ngaturi udani | marang jêng sang katong | kang kocapa nagri Matarame | sri narendra wus miyos tinangkil | dene para mantri | paglaran supênuh ||

58. pra santana sadaya anangkil | Môndraka tan adoh | Pangeran Mangkubumi jajare | kêlawan Pangeran Singasari | lan Martalaya di | samya munggèng ngayun ||

59. kawarnaa duta Pajang prapti | marêk ing sang katong | wus tinata utusan ature | inggih kawula gusti sang aji | wiyose tinuding | dening abdi prabu ||

60. pun paman Pajang ngaturi warti | dhumatêng sang katong | raka paduka ing Dêmak mangke | apan inggih gusti sampun balik | tiyang lèring wukir | sadaya anungkul ||

61. ingkang bôngga samya dèn pêjahi | rabine binoyong | myang jinarah sak rajakayane | mangke sampun jumênêng narpati | nagari pasisir | pan sampun misuwur ||

62. angandika alon sri bupati | mokal ujar ingong | apan ingsun wus piandêl dhewe | lamun kakang êmas ambahaki | wong saloring wukir | yèn yêktia patut ||

63. nadyan mundhuta sakidul wukir | sakèhe ponang wong | iya kangmas sapa gone ngêmpèk | lamun dudu panjênêngan mami | angêmpèka mukti | ingsun ingkang agung ||

64. nadyan nagara Mataram iki | darma ingsun momong | kakang êmas iya mèlu darbe | pan ing Dêmak iya ing Matawis |

--- 95 ---

wêlinge rama ji | sun kinon amatut ||

65. angandika malih sri bupati | mring Môndraka alon | lah ta eyang karsa kula mangke | kakang êmas manira aturi | marang ing Matawis | lami tan katêmu ||

66. lan sakèhe pawarta puniki | manawi tan yêktos | inggih arsa sun yêktèni dhewe | yèn kangmas sun aturi tan prapti | yêktos tan sayêkti | gèn adarbe dulur ||

67. Adipati Môndraka turnya ris | dhèrèk karsa katong | tuwin Pangeran Mangkubumine | atanapi Pangran Singasari | turira ngrojongi | sadaya jumurung ||

68. lawan ingkang wawêlinging nguni | swargi rama katong | kinèn lumrah lawan sadhèrèke | sapa ingkang amiwiti dhingin | nora nêmu bêcik | wasiyat rumuhun ||

69. sri narendra angandika aris | wong gandhèk sun kokonkongkon | lumakua mring Dêmak dèn age | aturana kangmas mring Matawis | matura yèn mami | liwat onêng ingsun ||

70. lan sakèhe wong saloring ardi | aturêna kang wong | cundaka gandhèk atur sêmbahe | wus lumampah tan kawarnèng margi | wus praptèng nagari | ing Dêmak jinujug ||

71. kawarnaa dipati anangkil | pêpakan kanang wong | Adipati ing Gêndhing ngarsane | Adipati ing Pijêr tan têbih | wus ngaturi uning | wontên duta rawuh ||

72. gya ngandikan duta praptèng ngarsi | umatur wotsinom | gusti lampah kawula kinèngkèn | dening rayi paduka sang aji [a...]

--- 96 ---

[...ji] | ingkang salam taklim | katura pukulun ||

73. lawan kinon ngaturakên bumi | salèr ngardi kang wong | katura paduka sêdayane | kalih paduka dipun aturi | mring nagri Matawis | sangêt kangênipun ||

74. lami datan kêpanggih lan gusti | rayi jêng sang katong | adipati alon ing dêlinge | lah matura marang yayi aji | manira tan apti | lumakwèng Matarum ||

75. Adipati ing Gêndhing nambungi | kras ujare sogol | iya ingsun ingkang nora awèh | iya pantês dadia narpati | manira tan ajrih | mungsuh wong Matarum ||

76. lah matura cundaka dèn aglis | marang ing sang katong | lamun ingsun ora awèh mangke | adipati angandika aris | warahên mring yayi | ingsun yèn tan purun ||

77. êntèkêna wadya ing Matawis | tan lumaku ingong | ponang duta anulya lumèngsèr | tan kawarna ing marga wus prapti | nagari Matawis | ngriku sang aprabu ||

78. sampun miyos sang nata tinangkil | pêpak sagung kang wong | Ki Môndaraka munggèng ngarsane | miwah Jêng Pangeran Mangkubumi | Pangran Singasari | tansah anèng ngayun ||

79. sampun prapta utusan wotsari | matur ing sang katong | amba sampun dinuta sang rajèng | angaturi raka paduka ji | pan botên lumaris | sampun madêg ratu ||

80. pun Dipati Gêndhing kang akardi | mila madêg katong |

--- 97 ---

sampun misuwur nagri bang êlèr | wêlingira raka paduka ji | matura si adhi | dèn tog wong Matarum ||

81. môngsa ingsun gêlêma lumaris | mring Mataram ingong | ingsun wus duwe nagara dhewe | kathah-kathah dêlinge raka ji | lan Dipati Gêndhing | wuwuse tan patut ||

82. kaatura dhatêng paduka ji | wuwusipun awon | sampun têlas kang duta ature | sarêng myarsa wau sri bupati | kèmêngan jro galih | brôngta sêmu bêndu ||

26. Asmaradana

1. angandika sri bupati | mring Dipati Môndaraka | punapa karsa ing mangke | kakang êmas wus kêtara | bêcike lawan ala | Ki Môndaraka umatur | yèn makatên rakandika ||

2. gih purun madayèng wêling | wasiyate ingkang rama | mangkana inggih karsane | môngsa boya nêmahana | singa amiwitana | wasiyate kang rumuhun | môngsa manggiha raharja ||

3. karsa manira ing mangkin | nêdha sami linurugan | lah jêbèng Mangkubumine | kalawan Ki Singasêkar | lah paran karsanira | Pangran Mangkubumi matur | kawula dhèrèk kewala ||

4. sang nata ngandika aris | lamun ora kêlampahan | pan wus karuan cidrane | ki raka Dipati Dêmak | pan arsa ngayonana | wong Mataram yudanipun | lah age padha dandana ||

5. kang Martalaya dèn aglis | pêkênira têngaraa | Martalaya sigra bêndhe | wong Mataram sampun obah |

--- 98 ---

pan sami asiyaga | wus kumpul sajuru-juru | wadyabala ing Mataram ||

6. ngalun-alun dènnya baris | pra santana sampun prapta | Pangeran Purubayane | lan Pangeran Têpasana | Dipati Jagaraga | Arya Wiramênggala wus | tuwin Pangran Pringgalaya ||

7. Pangeran Juminah prapti | Dipati Pugêr rowangnya | myang Pangran Tanpanangkile | pan sampun prapta sadaya | sumêktaning ayuda | samya baris ngalun-alun | miwah kang para prawira ||

8. prasamya anata baris | Adipati Môndaraka | matur dhumatêng sang katong | kadipundi karsa dika | sintên kang nindakana | punapa ta jêng sang prabu | nanging pangraos kawula ||

9. ngamungna mantri Matawis | kalawan para santana | kang prawira sakathahe | kaya kuwawa anôngga | gôndra pira wong Dêmak | angandika sang aprabu | sampun ngandika gêgampang ||

10. datan wontên agêng alit | Hyang Suksma Ingkang Kuwasa | damêl mênang lan kawone | punika sami pinutra | tur putra ingkang tuwa | punjul ing prakosanipun | inggih eyang putra dika ||

11. ki raka arsa ngayoni | inggih dhatêng ing manira | pan ingsun lumampah dhewe | dhatêng nagari ing Dêmak | lah nêdha budhalêna | sakèhe gêgaman agung | sigra nulya atêngara ||

12. pan sampun budhal kang baris | ingkang lumampah ing ngarsa | sakathahe mantri kilèn | Kyai Bojor wastanira | lawan Ngabèi Ngrawa | Ki Tumênggung Ngawu-awu [Ngawu-...]

--- 99 ---

[...awu] | ing Kalêgèn Kyai Rôngga ||

13. ing Kalêng aran ngabèi | panggêdhene kang kocapa | Ngabèi Jênar wastane | ing Galugu Jayayuda | samawung sira rôngga | Ki Ngabèi Sangubanyu | ing Sampang Jayawikrama ||

14. rendhetan sira ngabèi | Ki Nalasraba wastanya | padha nindhihi sikêpe | sadaya sami prawira | kathahe kawan dasa | prasami gêng-agêngipun | ginawe gêdhug payudan ||

15. sumambung wadya Matawis | Ki Tumênggung Patrawôngsa | Tumênggung Singajayane | kalawan Arya Panular | Ki Dêmang Tanpanaha | Wiranagara Tumênggung | lan Tumênggung Jagayuda ||

16. Ki Ngabèi Wirapati | lan Dêmang Malangsumirang | Kartiwadana rowange | anuli Ki Saradipa | kalawan wa Supônta | Martalaya anèng pungkur | angirit wadya Mataram ||

17. anulya dipun sambungi | sakèhe para santana | Pangeran Purubayane | lan Pangeran Têpasana | Arya Wiramênggala | Pangran Juminah nèng pungkur | lan Pangeran Pringgalaya ||

18. Dipati Jaraga nuli | Adipati Pugêr ika | lan Dêmang Tanpanangkile | wurinya sri naranata | lumampah anèng têngah | kang dados pawingkingipun | Adipati Môndaraka ||

19. lan Pangeran Mangkubumi | lan Pangeran Singasêkar | lawan wong Kajoran kabèh | sang nata sampun lumampah | magêrsari akapang | towok tamèng gamanipun | sami prayitna [pra...]

--- 100 ---

[...yitna] ing baya ||

20. sisihipun wong angrangin | anuli wong sarawisa | kalawan wong panutrane | nulya kawula panumbak | saragêni ing ngarsa | priyataka wurinipun | tinon saking ing mandrawa ||

21. gêgaman lir gunung gêni | kadi wana kawêlagar | sapôntha-pôntha lampahe | pan sami mawi têngêran | sajuru-jurunira | têngêranira malêdug | yèn tinon saking mandrawa ||

22. lir kêkuwung teja adi | lêngkawa ingkang têngêran | umbul-umbul ing warnane | lêlayu lir gêni roga | lir wukir kawêlagar | kêrbêting astra lir gunung | arêraton tiningalan ||

23. datan kawarna ing margi | prapta nagari ing Pajang | Dipati Pajang wus golong | rêrêp sêdalu samana | enjing tumulya budhal | nêngêna ingkang lumaku | kocapa Dipati Dêmak ||

24. sampun sinungan upêksi | dening kajinêmanira | dipati gya miyos age | wadyanira sampun pêpak | andhèr wontên sowanan | Dipati Gêndhing nèng ngayun | Dipati Panjêr rowangnya ||

25. angandika adipati | lah ta bapa têngaraa | wong Mataram ya wartane | ing wingi tanah ing Pajang | arsa gêcak ing Dêmak | Dipati Gêndhing amuwus | andangu wong kajinêman ||

26. ya sapa ingkang nindaki | ingkang dadya senapatya | kajinêman matur alon | inggih sang nata pribadya | kêrig para santana | tanapi kang sêpuh-sêpuh | prasami [prasa...]

--- 101 ---

[...mi] kêbut sêdaya ||

27. malêrêt Dipati Gêndhing | amicorèng jroning nala | yèn mêngkono ing wartine | kayangapa yèn mênanga | wadya Dêmak sêpala | apan karubuhan gunung | kayangapa yèn bangkata ||

28. têngara bêndhe tinitir | muntap gêgaman ing Dêmak | wus prayitna ing lakune | kang kari wus samya prapta | prajurite sadaya | wong ing Dêmak sangang èwu | punika cacahing karya ||

29. Dipati Dêmak sigra ngling | mring Dipati Gêndhing ika | ing mêngko parentah ingong | sira dadia pêngawat | têngên anindhihana | mantri têngên sagungipun | sira ingkang angadua ||

30. wadana kang para mantri | Tumênggung Jaya Sambodra | dene ingkang satunggile | Ki Tumênggung Jakataka | lan Dêmang Astrayuda | myang Ngabèi Jayasatru | lawan Arya Martahita ||

31. dene ta ingkang sêsilih | dadia pangawat kiwa | bapa Panjêr pangirite | wêdana kiwa Si ArsaArya | Binarong wastanira | Ki Ngabèi Walangcathuh | lawan Rôngga Wijilodra ||

32. lawan Kidang Oring-oring | Ngabèi Sinabakêna | lawan Rôngga Mulatènge | iku dadia pangiwa | si bapa nindhihana | sakèh kajinêman ingsun | lumampaha ngarsanira ||

33. nuli budhalna kang baris | sigra wau atêngara | gêgaman kumêrap kabèh | umbul-umbul lan bandera | lêlayunira umyang | kadya ta wukir katunu | balakuswa ambalabar ||

34. tan kandhêg lampahing

--- 102 ---

baris | Dipati Dêmak wus prapta | mêsanggrahan ing Tambakwong | wong Mataram sigra prapta | samya ayun-ayunan | nênggih kasaput ing dalu | samya mondhok arêrakah ||

35. kocapa Natèng Matawis | parentah sun marang sira | [...]Kurang dua baris ke-3 dan 4: | lamun têka ing rana | kakang êmas lamun ngamuk | olèha wong pira-pira ||

36. lah aja sira sedani | pêpacuh prentah sun poma | enjing kawarna barise | wong Mataram sampun tata | tangkêbe prit anêba | gêgaman Dêmak wus mêtu | sami ambêdholi rangkah ||

37. sampun anata kang baris | gêlarira supit urang | ingkang minôngka supite | Dipati Panjêr kang kiwa | Gêndhing ing têngênira | pêngawat dipatinipun | Pangeran Pugêr ing Dêmak ||

38. sigra atêngara muni | wong Mataram anarajang | kang tinunjang pangawate | Dipati Gêndhing wus mangsah | lawan para prawira | sarêng dènira angamuk | surak lir pendah ampuhan ||

39. anuju sira dipati | Martalaya kang tinunjang | lan mantri panumping kabèh | arame dènira aprang | wong Dêmak karepotan | apan ta karoban mungsuh | prajurite kathah pêjah ||

40. Dipati Gêndhing ngawaki | ngamuk lan Jayasamodra | Martalaya mapag age | kalawan para prawira | miwah Jayasupônta | Dipati Gêndhing kinêpung | kêlawan sabaturira ||

41. polahe lir banthèng kanin | kang para mantri ing Dêmak | kinêpung prajurit [praju...]

--- 103 ---

[...rit] akèh | ngalor ngidul tinadhahan | Gêndhing sampun kabranan | Martalaya mêngsahipun | Dipati Gêndhing wus sayah ||

42. anulya dipun kathahi | Dipati Gêndhing tinumbak | saking kidul saking kulon | datan dangu sampun pêjah | Jasêmbodra nêrajang | nanging sampun sayah wau | tinadhahan sampun pêjah ||

43. sirahipun dèn kêthoki | prajurit Dêmak lumajar | kang kiwa nêmpuh pêrange | Dipati Panjêr narajang | lan Arya Binarongan | sabature barêng ngamuk | nuju santana Mataram ||

44. tinarajang tan gumingsir | kinêpung cinadhang-cadhang | Binarong tatu jajane | Mulatènge sampun pêjah | Walangcathung kabranan | binuru age lumayu | Dipati Panjêr narajang ||

45. sigra wau sang dipati | ing Dêmak sampun narajang | mung kari kajinêmane | anênggih Sapigumantar | lawan pun Sucahula | lawan Ki Motepangayun | lawan Dêmang Pênayaban ||

46. pun Sabalong Marawêngi | karya rusuh anèng ngarsa | punika sami lurahe | Dipati Dêmak narajang | lan kajinêmanira | singa dèn tunjang amawur | kêlangkung prakosanira ||

47. kajinêman akèh mati | wong Mataram samya ngêpang | samya nganggo canggah kabèh | sang dipati kinathahan | cinanggah kering kanan | kudane pan sampun lampus | gêgamane sampun rêntah ||

48. lir banthèng katawan kanin | pangamuke karo tangan | wong Mataram [Ma...]

--- 104 ---

[...taram] mawur kabèh | kalangkung dènnya prakosa | Adipati ing Dêmak | ingkang tinarajang mawut | pangamuke karo tangan ||

49. wong Mataram akèh mati | jinêjêg miwah dinugang | tinampiling tugêl dhase | kang katrajang bubar-bubar | binithi kapisanan | ana kang jinagur rêmuk | kang sinepak polo pêcah ||

50. kang dhinupak angêmasi | sira Dipati ing Dêmak | sakalangkung prakosane | pangamuke karo asta | kadya banthèng katawan | dipati pan sampun liwung | sarira kuthah ludira ||

51. nêngah pangamukirèki | sira Adipati Dêmak | wong Mataram ngangsêg kabèh | adipati kinathahan | cinanggah jinaringan | tan kêndhat pangamukipun | kasangsang ing canggah sêmpal ||

52. ginitikan dening bêdhil | linimpung miwah brangkolang | nora kandhêg pangamuke | datan pasah dening braja | Ki Dipati ing Dêmak | pangamuke ngiwat-ngiwut | lir andaka kabêranan ||

53. wantune dipun kathahi | kadarpira wong satunggal | cinanggah dening wong akèh | jêjirêt lan jinaringan | ki dipati wus sayah | sariranira marlêsu | Ki Padurêsa nêrajang ||

54. sigra dènnya nyikêp aglis | Dipati Dêmak tan obah | pan wus cinandhak dhuwunge | wong Mataram ya ta enggal | amundhut tandhunira | pangeran sampun tinandhu | wong Dêmak bubar sarsaran ||

55. wus katur sri narapati | yèn kang raka sampun kêna | sigra wau

--- 105 ---

nabuh bêndhe | tan adangu nulya bubar | saking ing pasanggrahan | wong Mataram budhal sampun | Pangeran Dêmak binakta ||

56. Dipati Panjêr sira glis | pinêjahan anèng marga | binuwang jurang mayide | sang nata pan sampun prapta | sang nata angandika | wong gandhèk wangsula gupuh | dhawuhna timbalan ingwang ||

57. kangmas wangsulna dèn aglis | marang ing Kudus nagara | utusan lumampah age | Pangeran Dêmak kêpapag | Pajatèn wastanira | winangsulakên mring Kudus | ingiring wadya Mataram ||

58. pinarnah ing Parigêli | Pangeran Dêmak punika | ingkang putra wayah kabèh | apan ta tumut sadaya | sami kawêlasarsa | anênggih sangkalanipun | rasa pêksa tata jalmaSengkalan: rasa pêksa tata jalma (1526 A.J.). ||

59. kocapa sri narapati | Mataram lagya sineba | pêpak wadyanira kabèh | miwah kang para santana | lan para pinituwa | ing pagêlaran supênuh | sri narendra angandika ||

60. mêngko ing Dêmak puniki | ingsun tanduri bupatya | ya wong ganjur lêlurahe | kang aran Gadamastaka | ingsun paringi aran | Ki Suranata Tumênggung | mêngkua nagara Dêmak ||

61. ya ta wadya ing Matawis | samya ngèstrèni sadaya | jêng sultan gêganjar age | busana lawan kêncana | mantri sampun wêrata | santana pan sami sinung | busana arta kêncana ||

62. apan ta samya waradin | prasamya suka sadaya | sami runtut sadayane | Jêng Pangeran Pringgalaya |

--- 106 ---

ngaturakên prasêtya | mring kang raka sang aprabu | yèn kawula anêdyaa ||

63. yèn ngangkah kraton sang aji | lawan saturun kawula | mugi cêndhaka yuswane | yèn têksih turun sang nata | anak putu kawula | yèn sêdyaa arsa mungsuh | gih sampuna murah arja ||

64. panuwun amba sang aji | turun kawula sadaya | sampun têbih têdhak rajèng | tumuta mukti wibawa | wontên ing tanah Jawa | ngandika ingkang sinuhun | lah yayi ingsun tarima ||

65. sinêksènana Hyang Widi | ing saturun-turunira | ing têmbe dadi kanthine | turunku kang madêg nata | lamun ora uninga | tan arja ing jênêngipun | môngsa bêcikna nagara ||

66. ingkang rayi awotsari | anulya kondur sang nata | malêbêt ing jro kadhaton | ingiring para biyada | manggung tuwin bêdhaya | kangjêng sultan sampun rawuh | pinêthuk garwa sarkara ||

27. Dhandhanggula

1. lah ing ngriku Jêng Sultan Matawis | kocapa Dipati Jayaraga | kang rayi kangjêng sang katong | sinung lêlungguh agung | pan nagara ing Pranaragi | pan anèng Jagaraga | sabupatènipun | inggih pan dadya ganjaran | kangjêng sultan kêlangkung dènira asih | mring Pangran Jagaraga ||

2. pan winênang akarya pêpatih | kêlawan ingiring payung bawat | sakawan gandhaga lante | nênggih pamomongipun | apan Rôngga ing Pranaragi | mantrinira sadaya | punika ingetung | Ngabèi Malangsumirang |

--- 107 ---

Nayahita lawan Panji Wirabumi | miwah ingkang lêlurah ||

3. Gêniroga wastane anênggih | lawan sira Ki Surônggamarta | Ki Lumaju katigane | Soda sêkawanipun | Mangkudirja gangsale nênggih | nêm AndakawanaKurang satu suku kata: ênêm Andakawana | sapta Darpa iku | asthanya Wirasêtika | nawanira pan kadwi Rôngga Sumêngit | dasa Sang Cakrawôngsa ||

4. kang sakawan payung bawat sami | pan sadasa ing lêlurahira | prasamya alinggih lante | lêlurah patang puluh | pan walulang ingkang lêlinggih | kathahipun kapêdhak | dwi biting puniku | kêjawi lêlurahira | para mantri pangarsa datan kawilis | pêpak dènnya sumewa ||

5. marmanira risang Adipati | Jagaraga agêng galihira | kalimput dening kamuktèn | angrasa lamun purun | amêngsaha raka narpati | ya ta miyos sineba | ing pasowanipun | apan mantrine sêdaya | lêlurahe pêpak prasamya anangkil | dipati angandika ||

6. paman Rôngga sira ingsun tari | lan si bapa Wirabumi sira | karsa manira ing mangke | ingsun arsa amungsuh | mring kakang mas Natèng Matawis | iya sami pinutra | swargi rama prabu | sapa ta ingkang arosa | sayêktine jumênêng Nata Matawis | iku karsa manira ||

7. pêksaningsun ing mangke puniki | kaya wani mungsuh kakang êmas | ngrasa sun adu wus akèh | Pangeran Rôngga matur | yèn kênia sampun ta gusti | pan raka jêngandika | sangêt adilipun | jêng paduka kinasihan | kinèn mukti sinungan raja [ra...]

--- 108 ---

[...ja] pêpatih | lan sinungan nagara ||

8. adipati angandika aris | lah ta bapa ingsun ora kêna | yèn undurêna ing mangke | lêlurah samya matur | pan kawula inggih suwawi | pan inganti punapa | sampun mangsanipun | wadya paduka akathah | yèn ingadu kêlawan wadya Matawis | saur paksi sadaya ||

9. apan sangêt dènira ngaturi | wanti-wanti Panji lawan Rôngga | datan pinirsa ature | mantri sakawan rêmbug | sadayanya samya mambêngi | sigra sami luwaran | kasaput ing dalu | Pangeran RogaRôngga rêmbugan | lawan Panji Wirabumi Angabèi | aran Malangsumirang ||

10. Kyai Nayahita datan kari | Pangran Rôngga aris angandika | lah kadipundi rêmbuge | yèn awèta tinunggu | pangran agêng anyilakani | lamun sida kang karsa | inggih dènnya mungsuh | mring kang raka sri narendra | nora wurung pêkênira lawan mami | benjang dadi kêthokan ||

11. lah anêdha matur mring sang aji | padha ngaturakên pêjah gêsang | kang rayi awon sêdyane | mantri sakawan rêmbug | sigra mangkat lumampah wêngi | mantri ing Jagaraga | nênggih ingkang kantun | lêlurahira sadaya | samya mirsa Pangran Rôngga lan Ki Panji | kesah marang Mataram ||

12. pra lêlurah garjita ing ati | pan angrasa lamun kadhewekan | samya pinikir wêkase | tumulya atut pungkur | arsa marêk dhatêng sang aji | wus kumpul karsanira | pepe

--- 109 ---

wringin kurung | enjang warnanên sang nata | arsa miyos wus pinarak nèng sitinggil | siniwakèng ing wadya ||

13. aningali sultan wringin kadwi | lamun ana wong aseba kathah | andhèr prasamya apepe | ngandika kang sinuhun | lah wong gandhèk mudhuna aglis | pariksanên wong ika | sapa aranipun | lan kang dèn pèpèkên apa | tandya nêmbah gandhèk mêdhun sing sitinggil | lampahira mêndhapan ||

14. sampun prapta gandhèk sigra angling | pêkênira punapa sinêdya | dene padha pepe kabèh | Pangran Rôngga umatur | pan kawula tur pati urip | konjuka mring jêng sultan | saking jrih pukulun | kang rayi sèdhèng ing nala | gih ing mangke nêdya ngrabasèng Matawis | pêkênira matura ||

15. caraka kadwi bali gya prapti | ing byantaranira kangjêng sultan | sampun palastha ature | ngandika sang sinuhun | andhawuhkên kinèn nimbali | wong mantri Jagaraga | wus prapta ing ngayun | mundrawa tur saniskara | yèn kang rayi sumêdya mêngsah Matawis | kangjêng sultan sru duka ||

16. angandika kangjêng sri bupati | lah ta yayi Pringgalaya sira | lumakua dipun age | myang Martalaya iku | sakancane mantri panumping | kabèh padha milua | mring Jaraga iku | lêlurahe wasisakna | kang candhala boyongana ja na kari | si adhi lungakêna ||

17. aja ngancik nagriku Matawis | gya tundhungên sarabine [sa...]

--- 110 ---

[...rabine] pisan | lan ja gawa wong liyane | marang masigit wau | kang sinung sabda nêmbah pamit | nêmbang têngara mangkat | swaranira umyung | wus mranti bakakasing prang | tan kawarna ing marga lampahe prapti | têpising Jagaraga ||

18. kagegeran samya dèn jarahi | sajawining kitha abusêkan | kang kesah lumayu kècèr | pangran ingkang winuwus | munggèng dalêm lênggah ing kanthil | pra garwa nèng byantara | kang tangis gumrumung | sêsambate lara-lara | dhuh pangeran wontên punapa ing ngriki | wadya Mataram prapta ||

19. anèng jawi samya tata rakit | kadospundi pangran karsa dika | tan wande mangke dadine | pangeran sultan ingsun | paranbaya benjing ing wingking | Pangeran Jagaraga | langkung gyan gêgêtun | ngraos lamun kalêpatan | tan pantara dangu caraka kang prapti | Pangeran Pringgalaya ||

20. Adipati Martalaya tuwin | sakancane samya jajar lênggah | gya dhawuhkên timbalane | Kangjêng Sultan Matarum | pêkênira kentara aglis | aywa ngambah Mataram | mring ing masjid watu | lan ja gawa cèthinira | mung garwamu gawanên salah sawiji | age sira mangkata ||

21. sigra mêdal Pangeran Dipati | Jagaraga tuwin garwanira | alantik-lantik tangise | jroning galih kaduwung | aningali wadya Matawis | kathah karasèng driya | laris tindakipun | samarga lara karuna | sampun prapta masjid watu ngriku nênggih | lami nèng masjid sela ||

--- 111 ---

22. wusnya lami lajêng kinèn ngalih | pinarnahakên nèng pulo Brambang | sakidul kilèn masjide | lah ing ngriku Matarum | gantya wau ingkang ginusthi | anênggih kangjêng sultan | sineba mantri gung | sêk supênuh panangkilan | pra santana pra prawira pra prajurit | nararywa munggèng ngarsa ||

23. tandya katur lamun ingkang rayi | Jagaraga mangke sampun kesah | tanpa abdi mung garwane | tuwin boyongan katur | angandika sri narapati | sagunging wong Mataram | ya dipadha emut | atmaja santananingwang | wêwêlinge kangjêng rama kang wus swargi | sapa kang murwanana ||

24. iya aja manggiha basuki | akèh bae kinarya tuladan | kakang Dêmak pambalike | tuwin dhi JaganagrikuLebih satu suku kata: tuwin Jaganagriku | mêngko padha nêmu bilai | disami angèsthia | pusakaning ratu | pra santana nuwun turnya | cipta amba tan kadya kang sampun lari | jrih wêlinge kang swarga ||

25. kangjêng sultan ngandika trah gêndhis | lah ta uwis paman Rôngga sira | muliha mring nagarane | mring Pranaraga iku | ngrêngganana saniskaraning | nuwun kang sinung sabda | ngêmak sirahipun | tur sêmbah lajêng lumakya | kangjêng sultan ngadhaton ing dalêm puri | bubar sagung sewaka ||

28. Asmaradana

1. gantya kang winuwus malih | kang mantuk mring Pranaraga | wus prapta gya narubkên wong | sagung wadya Jagaragan | kinarya wong kapêdhak | winuwus malih sang prabu | pan sampun pêputra gangsal ||

2. kang miyos putri satunggil | kang miyos [mi...]

--- 112 ---

[...yos] kakung sakawan | pambajêng jalu namane | Jêng Pangeran Martapura | sang nata langkung sihnya | kinudang jumênêng ratu | nanging miyos sing ampeyan ||

3. kang dados sumêlang aji | darbe gêrahe wahdatnya | dene putranya sang katong | kang miyos sing pramèswara | nama Radyan Mas Rangsang | kinudang jumênêng ratu | nama Jêng Pangran Dipatya ||

4. Anom Amêngkunagari | bagus tur awicaksana | lir panrat tikswa ambêge | papaning mangsi dumadya | kira kinira-kira | kasujanannya pinunjul | lantip pasanging graita ||

5. kawistara ing pangliring | badhe ratu waliyullah | wus mingis parèjèngane | sang nata langkung sihira | rajaputra sru bêgtya | ing yayah kêlawan ibu | de putra narpa wanodya ||

6. inggih saking pramèswari | Ratu Wandhan namanira | ri malih saking garwane | nama Radyan Mas Pamênang | malih putra narendra | Dyan Mas Cakra namanipun | mijil saking ing ampeyan ||

7. jangkêp gangsal putra aji | winarna sang adipatya | Môndraka catur putrane | pambajêng Mandurarêja | Jurukithing panênggak | Wirapraba arinipun | wragil wanodya tuk Batang ||

8. inggih anama dipati | wontên putraning santana | Pangeran Singasarine | kang sadhèrèk Panêmbahan | Senapati Ngalaga | sira Pangran Singasantun | adarbe putra sajuga ||

9. anama Rahadèn Wijil | tinanêm ing Pranaraga | Arya Rôngga ingkang momong | wontên malih putranira | Kangjêng

--- 113 ---

Pangran Juminah | kang raka ingkang sinuhun | darbe putra priya juga ||

10. jinunjung wus sinung wangi | nama Dipati Balitar | samana sri narakatong | miyos siniwakèng wadya | pênuh punggawanira | nararya kang munggèng ngayun | tanapi para nayaka ||

11. ngandika sri narapati | eyang Dipati Môndraka | ing benjang sapungkur ingong | kang sun lilani gumantya | ngrênggani madêg nata | inggih wayah dika buyut | Ki Êmas Rangsang Dipatya ||

12. Anom Amêngkunêgari | puniku dika junjunga | wontên malih wêkas ingong | buyut dika ingkang tuwa | inggih pun Martapura | rèhning sun kudang duk timur | dadi ratu dèn kalakyan ||

13. sakêdhap dadosna aji | nanging sampun kalayatan | anuntên andika gantos | Ki Mas Rangsang dêgna nata | punika kang sayogya | jumênêng Sultan Matarum | kang eyang turnya sandika ||

14. kasêksèn Arya Dipati | nulya sang nata luwaran | datan antara lamine | sang nata cêngkramèng wana | ngrapyak kidang mênjangan | babêrêg trustha sang prabu | amboga drawina wadya ||

15. sukaning wadya kang pinrih | sawusnya dugi kang karsa | nulya akondur ngadhaton | sri narendra lajêng gêrah | tan arsa ingusadan | nimbali kang para sunu | myang Adipati Môndraka ||

16. prapta ing ngabyantara ji | sri narendra angandika | poma putraningsun kabèh | sira padha

--- 114 ---

mituhua | marang ing arinira | Ki Rangsang jumênêng ratu | besuk jumnêng waliyollah ||

17. tan kêna sira wanèni | besuk iku kang sayogya | ngimpuni rat jagad kabèh | pra putra matur sandika | samya nuwun aturnya | malih ngandika sang prabu | sira kulup ki dipatya ||

18. sun pasrah madêga aji | môngsa bodhoa gèr sira | ingsun wus pracaya kabèh | sun titipakên mring sira | sakèhe kadangira | pangran dipati tur nuwun | sandika pangèstu nata ||

19. Ki Môndraka angamini | sarwi mèngêti kang wayah | para anggèr sadayane | dèn samya ngèstuti karsa | ngandikaning ramendra | sasat pituduh Hyang Agung | wajib dèn wuri-wuria ||

20. sampun pêpeka ing galih | angsala barkahing rama | pra wayah sandika ture | anulya samya luwaran | datan antara dina | mêtêg gêrahnya sang prabu | pra putra saos sadaya ||

21. myang Sang Môndraka Dipati | tuwin kang para santana | kang sêpuh miwah kang anèm | pangulu saos sang nata | tuwin para ngulama | narpa gêrahnya tan emut | umyang tangis ing jro pura ||

22. pra garwa myang para cèthi | Dipati Môndraka warah | gya kèndêl cinêgah kabèh | dyah kêkalih pramèswara | tan têbih lênggahira | wondene sang rajasunu | kangjêng pangeran dipatya ||

23. anèng daganing sudarmi | sang nata anulya mapat | malêm Jumuwah dinane | Sura tanggal tiga wêlas |

--- 115 ---

nuju taun Jimawal | ôngka sèwu gangsal atus | suwidagsuwidak gangsal samana ||

24. kang layon gya dèn sucèni | sinarèkkên nunggil rama | sakilèn masjid ênggone | gantya risang adipatya | sewaka lan punggawa | rêmbag jumênêngkên ratu | marang Pangran Martapura ||

25. sampun jumênêng narpati | ngèstokkên wulang kang swarga | datan antara lamine | jumênêngira narendra | wus angsal pitung dina | jêng narpa nulya dèn lungsur | datan lênggana ing karsa ||

26. mupakat para dipati | rêmbag umadêgkên nata | Jêng Pangran Dipati Anom | Mêngkunagari Mataram | seba para nararya | sarta punggawa gung-agung | arsa miyos dina Soma ||

29. Mijil

1. ing kono kang sêdya madêg aji | Pangran Dipatyanom | gya busana dinulu citrane | lir Hyang Komajaya anêdhaki | rat Jawi tan kadwi | lir sang narpasunu ||

2. sura tan gora gadha ing galih | grah môndra sang katong | lèrèh gêtêr ta ing astakane | èbêg smu wiranung mulêt ingKurang satu suku kata: èbêg èsmu wiranung mulêt ing | lêlungit misani | panjalmaning satru ||

3. sampun miyos pinarak sitinggil | ingayap pra sinom | ingkang eyang Môndraka keringe | ki pangulu kanan myang pra sarip | saking pusêr bumi | ngulama gung-agung ||

4. sumrêg nararya punggawa mantri | gunging wong tumpangso | pating glêbyar pacaraning rajèng | èbêg rum-rum ing yudanêgari | Môndraka Dipati | prentah ing

--- 116 ---

wadya gung ||

5. anggèr kangjêng pangeran dipati | sun adêgkên katong | Sinuhun Sultan Agung têngrane | Senapati Ngalaga Sayidin | Panata Agami | Ingabdurrahmanu ||

6. jumnêng enjing Soma Sura sasi | wolulas pancorong | ing Jimawal ketang sêngkalane | tata winayang maruta bumiSengkalan: tata winayang maruta bumi (Soma, 18 Sura 1565 A.J.). | pangulu myang sarip | andonga karatun ||

7. pra santana kang sinung prasami | tur salam mring katong | atur bêkti pra santana anèm | pra punggawa samya mangênjali | mring nata tur bêkti | mangusapi lêbu ||

8. kang mêmanon nara angèbêki | sumuhut mring katong | angêratu prasamya ambêke | seba para rasika myang wrêsni | luwaran sang aji | gya kondur ngadhatun ||

9. winarna Sang Môndraka Dipati | yuswanira paos | amêningi ratu katri mangke | wus sêpuh gêrah laju ngêmasi | gya sinucèn nuli | sinarèkkên sampun ||

10. ing Mataram Masjid Agêng nunggil | lawan para katong | putra dwi Wirapraba kalihe | Mandurarêja ngêmasi aglis | ing astana mungging | Gambiran winuwus ||

11. amung kantun Kyai Jurukithing | nanging sampun repot | anèng Gambiran mardika bae | sinêpuh-sêpuh marang sang aji | nanging putra kalih | kaponakanipun ||

12. pan jinunjung kinarya bupati | dènira sang katong | juga lan Mandurarêja namaneLebih satu suku kata: juga Mandurarêja namane | Arya Upasônta kang satunggil | kanggêp mring sang aji | sring tinari kewuh ||

13. ya ta sêdhênging miyos tinangkil | kangjêng [kang...]

--- 117 ---

[...jêng] sang akatong | siniwèng punggawa wadyanyandhèr | supênuh upacara tulya sri | pinrak dhampar rukmi | lir yangyang piturumpiturun ||

14. saking swarga pinarnah Matawis | ngandika sang katong | Arya Suratani ingsun tudoh | mangetana anglurug don jurit | lawan pra bupati | saparo Matarum ||

15. sun kanthèkkên sira Suratani | dadi wakil ingong | pra dipati nuwun kanthèn age | aywa mamang pakon Suratani | mituhua sami | poma wêkas ingsun ||

16. tur sandika kang samya sinung ngling | luwaran sang katong | saningga kang tinuduh malugon | èbêk sudira kasrayèng gusti | dhasar Suratani | samya ngunggut-unggut ||

17. tinêmbang têngara mangkat saking | praja gurnitèng ngrok | swandona sri tinon busanane | gêgaman lir ombaking jaladri | umyang wukir sari | ujwala ngênguwung ||

18. lah ing ngriku kangjêng sri bupati | nimbali ponang wong | Arya Jayasupônca têngrane | angandika kangjêng sri bupati | sira ingsun tuding | nusula anglurug ||

19. iya lamun tiwas Suratani | sira wakil ingong | gumantya dadya senapatine | dene bisa amunah kridhaning | satrunira luwih | abot agung-agung ||

20. Jayasupônca umatur inggih | pangèstu sang katong | sri narendra arum timbalane | sun amini slamêta ing jurit | Jasupônta bêkti | amit sigra nusul ||

21. kasusul Pajang baris gêng nuli | Supônta rumojong | laris dêdamêl agêng lampahe | prapta

--- 118 ---

baris sakidul Kêdhiri | wong gung wetan myarsi | gya sanengga pupuh ||

22. wadya Mataram ingkang anglurugiLebih satu suku kata: wadya Mataram ingkang nglurugi | Lumajang myang Rênon | Ki Alap-alap sagêbêngane | gya parentah Arya Suratani | nging Lumajang nagri | myang Rênon asuwung ||

23. wus jinarah saisi-isining | Lumajang lan Rênon | katur Arya Suratani kabèh | nulya ngangsêg dêdamêl Matawis | Pêmalang ginitik | kuthanya ginêmpur ||

24. tandya wong agung ing Surawèsthi | Sampang Mandura wor | nèng Surapringga tata barise | wus kumpul wong agung wetan sami | anèng Surawèsthi | sadêdamêlipun ||

25. tinêmbang têngara mangkat saking | nagri Surèngkewoh | dêdamêl lir samodra rob ambèr | lampahing swandana lir gi-anggi | kasrang erawati | lir prabata mlaku ||

26. praptèng wana pabaratan aglis | sarwi atêtunon | glagah binasmi agêng urube | kapyarsa saking baris Matawis | sigra campuh jurit | gorastra munya rug ||

27. limut kacika apunglu prêsi | kocaping cariyos | wadya Matawis kaloloh prange | anabrang lèpèn wong akèh mati | kinarubut bêdhil | tirta lawan marus ||

28. pra punggawa Matawis kèh mati | tuwin kang kataton | kêtampêk lir jawuh drês mimise | sirarya Suratani ngêmasi | kasilêm ing warih | dhandhang layon trênyuh ||

30. Dhandhanggula

1. ing lèpèn sarah gumbala mayit | wadya Mataram kalah prangira | tan olèh papan yêktine | lêpat ing papanipun |

--- 119 ---

sira Arya Suratani nir | wêweka ambêg sura | kadaluduk purun | prang sapih suruping surya | enjingira ponang jisim Suratani | pan sampun sinucenan ||

2. dêdamêl Mataram tata malih | Jasupônta dadya senapatya | ngayomi wadyabala kèh | wignya amomong wadu | ngunggaring tyas samya mapulih | antya majêng campuh prang | gorastra jumêgur | adrês lir wrêsa kintaka | lir gadhêg gya kaci kalimut ing api | malêdug lêbu murla ||

3. kumrap wong agung wetan mangungkih | tatag tanggên wadya ing Mataram | sudira cakut pêrange | caruk watang amupuh | bang-ginêbang ungkih-ingungkih | gênjot angrok putêran | malêjah manglumpur | wong wetan akèh kabranan | dhadhal larut larutnya mirut anglèsi | wicitra lêbur lêsah ||

4. wadya Mataram sudira ngungsir | samya purun ambujung sadaya | myang bandhang tumbak bêdhile | kang surèng prang gya mundur | mantuk marang nagri Matawis | prapta wus cundhuk sultan | sasolahe katur | myang pêjahe wakil nata | Suratani lèn tingkah unggul ing jurit | kasoran mêngsah wetan ||

5. myang ngaturkên ingkang brana sami | katga katri katur mring jêng sultan | wus dinum kang nglurug kabèh | mung dêdamêl pinundhut | malih karsanira sang aji | wadya kang pêjah yuda | atmaja pinundhut | sami gumantyèng sudarma | nora owah kalênggahaning sudarmi |

--- 120 ---

enggar wadya Mataram ||

6. suka ing tyas wadya agêng alit | dana milih ing sak bobotira | tan na silir panganggêpe | kasawur dana prabu | pan karatan karta mêmanis | nugrahan sih wilasa | paramarta prabu | wus rêrêp ingkang punggawa | kang Sinuhun Sultan Agung ing Matawis | arsa tindak andon prang ||

7. mring Wirasaba pan wus miranti | sagung wadya anêmbang têngara | prawara gurnita angrob | swara lir guntur kêtug | lampahing swandana pan kadi | angge-angge kumêlab | wadya anglir wrêdu | ôngga sasra kang upama | sela bêntar umijil ingkang blêkithi | dyaja lêngkawa teja ||

8. rênggèng gunastra marindik-rindik | kangjêng sultan anitih turôngga | cawuk amuyêk wulune | lan wêdalan ing Kêdhu | kyai jayatara kang nami | asongsong kartas jênar | lir lakuning daru | saèstu rakimimulkha | murtining rat Jawi tan angsal kêkalih | rumiyin praptèng benjang ||

9. èstu panjang pocapaning tulis | tan kandhêg tindakira jêng sultan | lah ing ngriku gênti criyos | wong agung wetan sampun | myarsèng wartos Sultan Matawis | nglurug mring Wirasaba | bala gung supênuh | pyaywagung ing Surapringga | arsa tulung anging sandeya ing galih | dursônta myang ing Tuban ||

10. dadya kèndêl tan arsa byantoni | ya ta kangjêng sultan ing Mataram | rawuh masanggrahan age | raja dadi ran dhusun | loring Wirasaba [Wi...]

--- 122 ---

[...rasaba] sadasih | tata miranti aglar | wau ta ing ngriku | pangeran ing Wirasaba | gya apasang rakit salêbêting biting | gurnat myang kolantaka ||

11. wadya rasika wrêsni Matawis | mangsah ing prang anglir saradula | duk praptèng pabitingane | binendrong saking luhur | gutuk api punglu lir grimis | rêging swara kang granat | jumêbrèt lir gludhug | wirèng Mataram kèh tiwas | katampêk ing mimis bendrong gutuk api | pindha kinarya lesan ||

12. akèh lena wangke sungsun tindhih | anggêlasah paprangan mili rah | malembak-lembak jisime | lumut dyaja lêlayu | parang kuda dipôngga biring | sapih suruping surya | wadya gung Matarum | wawêlak gêng gring samana | limut ing tyas Jêng Sultan Agung Matawis | nênuwun mring Hyang Suksma ||

13. gya katrima sakala glis mari | kang pagêring wadya samya saras | sri narendra gupitane | anyarah ingkang wadu | ing pratingkahirèng prajurit | paran karêpmu padha | apa bêcik ingsun | mulih mring nagri Mataram | lamun sira nora bisa amungkasi | mring mungsuhira aprang ||

14. bêcik dipadha têmu nak rabi | ingsun sira inggala kewala | kari papa wus bêjane | upamine wak ingsun | lir ron tiba katyup ing angin | buh tibaning salira | gung wadya kang krungu | pangandikaning jêng sultan | samya tangi suraning wadya Matawis |

--- 123 ---

jaja brit lir cinêcangcinêncang ||

15. samya matur adhuh sri bupati | tan makatên kang dasih sadaya | sêdya mangsuli sih katong | ingantêp mêksih purun | abdi sagung ngrangsang abiting | Martalaya nalika | kumpul tyase rêmbug | ciptarsa mindha kawula | kang ingangkah dadya sêpiyun jro biting | Ki Martalaya sigra ||

16. mor pakathik Wirasaba latri | dangu dènira ambawa rasa | trap bêdhah baluwartine | wong Wirasaba muwus | wong Mataram bodho sayêkti | prandene pêksa lanang | yun mungsuh gustiku | yèn sêmono bobotira | wong Mataram tak kira tan bisa manjing | mring kitha Wirasaba ||

17. Martalaya awêcana aris | mila bodho pra mantri Mataram | sêdyarsa mungsuh maringong | ingangkah jroning kalbu | anêlukkên sagunging nagri | mêngkono bae datan | wignyaa lumêbu | malah wadyane kèh lena | janma Wirasaba anambungi angling | cobak ngong dadi mêngsah ||

18. bêdhah bètèng samene tan wigih | wong Mataram yêkti kurang akal | karyaa ôndha kang akèh | yèn wus mluk bitingipun | rakit ôndha mènèk blowarti | sadhela bae bêdhah | mangkono wong punjul | wignyane dèn wêtokêna | Martalaya glis mulih wus antuk kardi | lèngsèr praptèng pondhokan ||

19. prentah wadya mèt galugu sami | gya tinatar rosane dèn kathah | prantining ôndha wus dados | mangsah [mang...]

--- 124 ---

[...sah] mantri Matarum | rakit ôndha ing kanan kering | nirbaya nirwikara | liwran têpung sungut | têpung sagunging gêgaman | ebat mulat wong Wirasaba ningali | ngraos lamun kinggahan ||

20. dadya samya lumayu anggêndring | prapta lajêng bêbitingan minggah | palataran blowartine | pra Wirasaba kisruh | patih kèri lumayu cincing | kacandhak pinêjahan | Rôngga Prêmana wus | mati murdane tinigas | de Pangran Wirasaba ing kono kapipitLebih satu suku kata: Pangran Wirasaba ing kono kapipit | kacêpêng glis binasta ||

21. kori kitha winadung brastha ting | wadya Mataram samya ngrêrayah | gut-gutên wringut pamuke | wisma binasmi sampun | Martalaya nêpak mring dasih | mundur maswèng jêng sultan | ingaturkên sampun | Jêng Pangeran Wirasaba | murdèng patih rajabrana konjuk aji | trustha sultan ngandika ||

22. Martalaya jisime si patih | Rôngga Prêmana kuburên ana | sakulon kutha pêrnahe | lan dèlèhana pemut | kitir layang besuk mênawi | turune angupaya | ambêciki kubur | de Pangeran Wirasaba | tinandhua sun gawa marang Matawis | gya budhal sri narendra ||

23. saha bala prapta ing Matawis | enggaring tyas wadya ing Mataram | mêntas unggul prang rêrêmpon | ngriku ta kang winuwus | sira adipati ing Tubin | wus mantuk saking Japan | nênggih patihipun | awasta Ki Jayasônta [Jaya...]

--- 125 ---

[...sônta] | kinèn samya saningga umarsèng jurit | yun gitik Wirasêkar ||

24. sigra budhal saastraning jurit | winarna Dipati Wirasêkar | rinaos tan ôngga bobot | dipati anglès dalu | saking kutha angungsi Pathi | wong Tuban angrêrusak | kèh desa kinêlun | nglurug dhatêng ing Santênan | Adipati ing Pathi mêmpên kang baris | nèng jroning pabitingan ||

25. tansah yun-ayunan sampun lami | kapyarsa saking nagri ing MataramLebih satu suku kata: kapyarsa saking nagri Mataram | Tumênggung Lap-alap age | tinuduh ing sang prabu | abantu mring nagri PathiKurang satu suku kata: abantu mring nagari Pathi | budhal sawadyabala | Patih Tuban sampun | mirêng yyan bantu Mataram | têka saha bala sumêkta ing jurit | gya mundur wadya Tuban ||

26. Alap-alap langkung cuwèng galih | dene tan pinrêpak yudanira | samana sampun kapanggoh | lan adipatinipun | asêsugun Dipati Pathi | wusnya antara dina | nulya budhal mantuk | Lap-alap praptèng Mataram | cundhuk nata katur sasolah tinuding | bêktine wong Santênan ||

27. sigra sang nata nimbali dasih | kajinêman wasta Randhuwatang | prapta ngandika sang katong | hèh ta Randhu sirèku | apa tuhu trêsna mring mami | Randhuwatang tur sêmbah | dhuh gusti sang prabu | langkung agêng trêsna amba | mring jêng sultan kawula tulusa dasih | tan mulat gusti liyan ||

28. lon ngandika Jêng Sultan Matawis | Randhuwatang sira ingsun duta | dhustha mring Tuban [Tuba...]

--- 126 ---

[...n] dèn age | boyong sak nak-rabimu | dipun kadi janma angungsi | isthane kalah pêrang | ngeyup titip umur | yèn wus kandêl pangwulanta | dèn prayitna sapakartinirèng ajuritLebih satu suku kata: dèn prayitna sapakartinirèng jurit | besuk yèn rêmbug ing prang ||

29. iguhêna kridhaning ajurit | poma Randhuwatang dèn prayitna | ywa kawistara lakune | dèn bisa mara sadu | sumusup ing satru linuwih | pasang karti sampeka | purna dhawuh prabu | Randhuwatang wus ginanjar | satus reyal mundur wus mangkat gya prapti | Tuban duta nonoman ||

31. Sinom

1. apan sampun katarima | Randhuwatang dènnya ngabdi | kapracaya sang dipatya | kinarya andêling wèsthi | nêngna gênti winarni | ing Surapringga winuwus | ri sêdhêngnya gupita | lan sagung môncanagari | lan pasisir kang anèng salèr bêngawan ||

2. kumpul anèng Surapringga | wong agung kidul banawi | kadhawuhan janji ngrêmpak | Mataram mupakat sami | sabiyantu ing pikir | ubaya umarsèng ripu | nêmbang têngara mangkat | dêdamêl agêng nglangkungi | lir sagara rob ing Giripura prapta ||

3. sowan mring Sinuwun Ngarga | prasamya anuwun idi | derarsa ngrêmpak Mataram | ingampah mêksa tan kêni | kapêksa wiku Giri | angidèni nging panglulu | gya ngujung mring astana | Sinuwun Giri kang swargi | wus mangkana budhal baris ing bang wetan ||

4. kapungkur ing Giripura | sumrêk lampahe

--- 127 ---

kang baris | praptèng ngara pabaratan | lêrêp tata ingkang baris | pênuh jêjêl mapipit | atata pondhokanipun | wong agung kidul prapta | wus ngumpul saeka kapti | saya agêng kang dêdamêl ing bang wetan ||

5. wong agung samya gupita | ngling Pangeran Surawèsthi | hèh ta bocah malang marga | ngêndi dalan ingkang bêcik | amot baris gung nuli | anjog nagari Matarum | matur pra kajinêman | gusti tan wontên prayogi | liya saking Madiun papane wiyar ||

6. lan mirah sakèh tatêdhan | papan wiyar cêlak warih | pangraos kawula kawrat | rêrêpa sawulan kadi | tan kirang kang binukti | wadya paduka pan agung | yèn tan mrih papan wiyar | manawi kuciwèng kardi | nuntên anjog ing Jagaraga awêwah ||

7. samana Ki Randhuwatang | anèng wurining dipati | Tuban mirêng tur mangkana | kumêsar garjitèng ati | yèn kêlakona ugi | wong agung mêtu Madiun | yêkti sor gustiningwang | Mataram kuciwèng bumi | dadya matur bisik-bisik mring gustinya ||

8. Sang Adipati ing Tuban | anolèh andangu ririh | Randhuwatang aturira | kawula botên suwawi | mêdal Madiun nagri | akathah pakèwêdipun | Dipati Tuban nulya | matur ing Sang Surawèsthi | tan suwawi kadya turing kajinêman ||

9. gya dinangu Randhuwatang | mring Pangeran Surawèsthi | aturipun [a...]

--- 128 ---

[...turipun] Randhuwatang | èwêt ing Madiun nagri | môngka jog Jagaragi | sasat nagari Matarum | lan pamirêng kulaKurang satu suku kata: lan pamirêng kawula | nagari kalih wus kait | lan Matawis mindhak kathah sambekala ||

10. tan wande riniwuk marga | tan kongsi dhatêng Matawis | katungkul prang anèng marga | dados ngêkathahi kardi | owêl sayahing dasih | wadya paduka pan agung | tur maksih kuwat sura | nuntên pondhehan nèng margi | tilar wadya ing satêmah manggih nistha ||

11. pan môngsa kiranga marga | kang anjog nagri Matawis | pangran ngling ngêndi kang marga | Randhu matur kang prayogi | Nglasêm anjog ing Pathi | kapering Dêmak marga gung | mirah têdha lan wiyar | tan wontên dados kuwatir | kapracaya Randhuwatang aturira ||

12. tandya para kajinêman | cinêpêng wau kêkalih | winastan karya loropan | pan lajêng dipun pêjahi | jinêman Surawèsthi | sampun karsaning Hyang Agung | wong têmên antuk patya | kang dora manggih basuki | liriping tyas akarya sêmanging driya ||

13. dene wong agung Dursônta | andhahar ture wong Tubin | dadya gêla kang waskitha | patine jinêman kalih | môngka tandhaning budi | yèn wong agung salah dudu | ngrusak padhaning rowang | amimba Sultan Matawis | wicaksana amumpuni ing aguna ||

14. tinêmbang têngara mangkat | gurnita têngarèng jurit | bala lir samodra bêna |

--- 129 ---

ambêlabar tanpa têpi | têngran awarni-warni | ujwala teja kêkuwung | nging anjrah kinêmasan | ngarang ujwalaning rawi | lêlumbungan lir wukir sêkar lumampah ||

15. untaping swandana kadya | ge-angge marga ngèbêgi | gantya ingkang ginupita | Jêng Sultan Agung Matawis | Martalaya siniwi | Jasupônta sisihipun | panumping lan bumija | anulya miyos tinangkil | sri narendra siniwèng para punggawa ||

16. ginarbêg para badhaya | ngandika sri narapati | Martalaya sun miyarsa | wong wetan nglurug mring Pathi | Martalaya tur inggih | myarsa saking wartosipun | pun Adipati Pajang | akait kalawan Tubin | pan tinumplak wong agung wetan balanya ||

17. ingkang dados pagunungan | pangeran ing Surawèsthi | badhe nglurug mring Mataram | mêngsah agêng anglangkungi | angandika sang aji | kadyaparan kadang ingsun | uwa myang paman-paman | nararya bupati mantri | kayaparan yèn uga mungsuh praptaa ||

18. apa linawan ing yuda | apa sira tinggal lari | ingsun mung anut ing sira | lir sarah munggèng jaladri | kombak kombul katarik | sira kang minôngka alun | yèn padha tanggon ing prang | lêbur luluh sun labuhi | yèn nir suranira sun pamit ngumbara ||

19. dadi janma sudra papa | wus bêjane sun lakoni | dhuh uwa myang paman-paman | wusdene si kakang yayi | narywa myang pra dipati | apuranira kang agung | saking kèh kaluputan | ingsun ingkang [ing...]

--- 130 ---

[...kang] dhimin-dhimin | jinurungna alang ujuring sarira ||

20. dèn rusak ing satru guna | pirabara nêmu urip | yèn tan ana wlas andika | uwa paman kadipundi | kang sinare Matawis | ingajag-ajag ing satru | ngur kula amurcoa | paran polah lamun jurit | lir sinêndhal tyase kang para santana ||

21. prituwin para bupatya | pyuhing tyas kang waspa mijil | Pangran Purbaya awaspa | madêg kasuraning galih | myang ri Pangran Dipati | Pringgalaya angêmu luh | myang kang para sêntana | kathah waspanira mijil | nênggak waspa angajap-ajap ing yuda ||

22. sira Radyan Martalaya | anggêmbor dènira nangis | nglêngkara andika nata | ingkang sinuhun kang abdi | tan pisan jrih ing pati | Jasupônta sênggruk-sênggruk | matur Pangran Purbaya | kalawan kang para ari | luhung nuntên pinapaga ing ayuda ||

23. manawi asêlak prapta | mêngsah gêng mancik Matawis | awrat sinanggi ing yuda | kasompok tan sagêd milir | ngandika sri bupati | lêrês uwa aturipun | Martalaya undhanga | tumuli siyagèng jurit | ingsun dhewe arsa ngawaki ing yuda ||

24. hèh ta sira Alap-alap | sira dhingini mring Pathi | warahên yayi Pragola | aywa obah anèng Pathi | yèn mungsuh anêkani | lumayua marang ingsun | duta Lap-alap mentar | luwaran sri narapati | manjing pura pinarak anèng

--- 131 ---

pandhapa ||

25. nimbali para santana | prituwin para bupati | wus dhahar sri naranata | samana rasika wrêsni | kadya kawratan bukti | wusnya ngandika sang prabu | lah uwa Purubaya | lawan paman-paman sami | kula paringi sangu tumbasan toya ||

26. Martalaya Jasupônta | sun paring patumbas warih | êdumên ingkang warata | gêdhe cilik ja na kari | yatra kadhaton mintir | sumêbar ing wadya agung | lèn busana warastra | pêpatih kang têngga nagri | sigra ngrasuk pasikêpaning ayuda ||

27. tinêmbang têngara mangkat | gurnita prawirèng jurit | dêdamêl awarna-warna | lir pendah udyana sari | nitih swandana nuli | asongsong gilap lir taru | rêrêp sakilèn Pajang | siniwi punggawa mantri | narpa nabda Martalaya babadana ||

28. marga rungsit lowah-lowah | mêndhak mandhukul asungil | kang pantês kinarya marga | ratanên ingkang abêcik | dêrapon mungsuh nuli | lulusa praptèng ngarsèngsun | galak kang parangmuka | amônca lena ing wèsthi | kancanira môncapat olèha paran ||

29. saanane wong Mataram | padha ta saosa linggis | kudhi pacul pecok dhandhan | awrata marga kang bambing | wadung pêthèl ja kari | yèn ana marga kang siluk | kali-kali kalingan | jurang-jurang trêbis-trêbis | glis ratanên gampanga marga girisa ||

32. Girisa

1. Martalaya tur sandika | tandya aprentah mring bala | cakut wong Mataram samya [sa...]

--- 132 ---

[...mya] | kang ngarsa ngradin supana | sangkêp pacuk pècèk dhandhan | ngradin marga ingkang lowah | wrêksa rug rêbah gêlasah | kinarya trucuk bambingan ||

2. kinumpulkên sêselanya | ingusung wadya Mataram | ingkang samya ngrata dalan | berag samya sasêndhonan | kêpala Dyan Martalaya | tinarik tangsul kang marga | glising carita wus dadya | apadhang kang marga rata ||

3. asuka mirsa jêng sultan | sigra anggêganjar wadya | wijah-wijah kang kuswala | kapranan ing parikrama | kramaning sultan pandhita | ngandika hèh Martalaya | dene ta si paman Pajang | salawas sun nèng barisan ||

4. tan ana katon aseba | Martalaya matur nêmbah | pun paman Pajang Dipatya | baris anèng Babêlukan | lah ta enggal timbalana | yèn tan purun rinampas prang | jêng sultan aris ngandika | iya bênêr aturira ||

5. jêng sultan anuduh wadya | Wirapati Saradipa | nimbali Pajang Dipatya | kang aris dikongsi kêna | nanging aja dadi yuda | dèn bisa manisi krama | sandika kang sinung sabda | gya mangkat Babêluk prapta ||

6. lan sang dipati wus panggya | angling cundaka narendra | anggèr andika ngandikan | ing Gusti Sultan Mataram | jêng sultan onêng kalintang | lan arsa agunêm rêmbag | prakawis agênging mêngsah | Dipati Pajang kadriya ||

7. kadêngangan ing solahnya | kawuwung ajrih dumadya | wus kerit sowan sang nata | praptèng ngarsa sinambrama | paprênahe [paprênah...]

--- 133 ---

[...e] barisannya | sinupit ing wadya kathah | dadya ilang mêlanging tyas | kakênan ing parikrama ||

8. lah ing ngriku kangjêng sultan | parentah ngangsêg barisnya | budhal rêrêp ing Siwalan | gantya ingkang ginupita | wong agung wetan barisnya | prapta salèring Siwalan | kèndêl pasang pabitingan | anata mariyêmira ||

9. nata baris sap-êsapan | dhadha Pangran Surabaya | lan wadya Sampang Madura | ing kering Dipati Tuban | ing kanan Dipati Japan | sagêbêngan pra dipatya | baris gêng tan kêna ngetang | pae kang baris bitingan ||

10. pinrih kang mungsuh galaka | dadya mangke yun-ayunan | parèng doh lan wong Mataram | kawarnaa Kangjêng Sultan | Agung kang lagya sineba | ing wadya punggawanira | ngandika mring Martalaya | de mungsuh tan mêtu yuda ||

11. mêmpên nèng jro pabitingan | lah kapriye dayanira | mamrih wusananing lakya | Dyan Martalaya tur sêmbah | yèn marêngi karsa sultan | kawula lagar kewala | sumambung Pangran Purbaya | tan rêmbug lamun manira ||

12. lamun angrangsang bitingan | mêngsah dalêm langkung awrat | tur ing jro wus cinawisan | pae lawan Wirasaba | mungsuh cilik enggal sirna | iki sun watara awrat | awit rusak wong Mataram | yèn rusak sultan kelangan ||

13. kangjêng sultan angandika | lah ta kadipundi uwa | kang supados mrih prayoga | kula anjurungi karsa | matur Pangran Purubaya | yèn sarju karsa [kar...]

--- 134 ---

[...sa] jêng sultan | kula nês-ênês kewala | pinêjahan marginira ||

14. unggyan angupaya têdha | myang amèt rumputing kuda | sabên ari wadya sultan | angidêrana bitingan | têkèng doh dêrapon mêngsah | galak mêdal sing bitingan | yèn tan yun mêdali aprang | dadya ngênêsa kewala ||

15. têmah ènthèng tinarajang | sultan ngling prayogi uwa | ya ta sigra linêkasan | Martalaya undhang wadya | angubêngi pabitingan | budhal wadya ing Mataram | samakta sadêdamêlnya | prasamya munggèng turôngga ||

16. sabên ari dina Soma | yèn ana wong wetan mêdal | arêramban gya rinampas | kèh antukira papêjah | prituwin kang bêbandhangan | lami-lami wong bang wetan | sansaya kêkês kang manah | labêt kakirangan pangan ||

17. wus kathah kang samya minggat | ing sabên dalu tan pêgat | ingkang kantun langkung susah | limut wimbuh pagring rumab | dene wong agung Dursônta | ing rêmbag Dipati Tuban | anylayani kêdah mêdal | yun magut prang nging dèn ampah ||

18. lawan sagung pra dipatya | nging mêksa kêdah magut prang | sing rêmbage Randhuwatang | wadya Mataram duk mulat | nulya angrutug sanjata | pan kadya kinarya lesan | wong Tuban akathah pêjah | bubar kang kantun pralaya ||

19. wus datan môngga puliha | Dipati Tuban kesisan | wangwang mulat sang dipatya | aglis angingêr turôngga | linut wadya ing Mataram | lumayu kadhungsang-dhungsang | ayun ngungsi ing bitingan [bi...]

--- 135 ---

[...tingan] | tan antuk malah pinatar ||

20. sarta ginaguyu kathah | solahe Dipati Tuban | tan sêmbada plênthunging tyas | wusana lir manco gêtas | pinijêt bae glis bobrak | payo kônca binêdhilan | ja awèh malbèng bitingan | gya mundur Dipati Tuban ||