Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 33-40)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 01-10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  2. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 11-14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  3. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 15-19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  4. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 20-24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  5. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 25-32). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  6. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 33-40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  7. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 41-47). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  8. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 48-57). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
Image

33. Durma

1. lah ing ngriku Adipati Surapringga | rêmbag mêdali baris | samana kumpulan | sumrêg arya punggawa | Mandura pangawat kering | sabalanira | sêmakta astrèng jurit ||

2. Adipati ing Japan pangawat kanan | sak rèhnya pra dipati | mêdal sing bitingan | sêsêk wadya arantap | dlêdêg lir sela blêkithi | gunging gêgaman | lêlumbungan mênuhi ||

3. lir samodra kidran bêlabar ing papan | sinang lir gunung gêni | myang lir arga puspa | abra ingkang busana | panêngran awarni-warni | layu bandera | daludag rontèk asri ||

4. kawarnaa Jêng Sultan Agung Mataram | ngriku sigra umijil | pan wus tata gêlar | Pangran Purbaya kanan | ajêng-ajêngan kang baris | pra wira Sampang | tuwin Mandura nagri ||

5. keringira Nararya Jayasupônta | Martalaya prituwin | jêng-ajênganira | Adipati ing Japan | nging kalingan dhusun alit | karya kêlir prang | wus yun-ayunan baris ||

6. ingkang munggèng dhadha kangjêng sri narendra | kinarewo pinilih | jêng-ajênganira | wong agung Surapringga | nging lêt bêl samar tan kèksi | sinamur lêmah | mêngsah gêgêng kang baris ||

7. pan karoban tandhing Jêng Sultan Mataram | Dipati Japan aglis | anêmpuhkên [anê...]

--- 136 ---

[...mpuhkên] wadya | nuju gon JayasupôntaLebih satu suku kata: nuju gon Jasupônta | pangêdrèle wanti-wanti | gurnat gurnada | punglu drês lir garimis ||

8. Jasupônta Martalaya yitnèng baya | karya glaring ajurit | kakêliring desa | alit sigra dèn wlagar | yayah mèru nulya bahni | prajurit Japan | rusuh tataning baris ||

9. Adipati Martalaya anêrajang | têngah rada kapering | Arya Jasupônta | narajang saking kiwa | wong bang wetan tan adani | kukus limunan | akèh marêbês mili ||

10. pan wong wetan tinêrajang tinulakan | samya kagum kang jurit | angiwut kewala | gènnya amalês yuda | mapan nora angudhili | sampun kapapan | prajurite kèh ênting ||

11. Adipati ing Japan tumingal wadya | yudane wus kalindhih | sigra nyandhak tumbak | angêtab kang turôngKurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya 7a: angêtab kang turôngga | sampun anêrajang baris | sigra sêsumbar | lah kêmbulana mami ||

12. iya ingsun kang aran Dipati Japan | Madiun asal mami | kang aran Mas Lonthang | lah mara kêmbulana | ing kene padha dipati | ingkang katrajang | bubar kathah wong kanin ||

13. Ki Dipati Martalaya sigra ngatag | marang sagunging dasih | kroyokên dèn inggal | iku bubuhanira | para mantri maju aglis | Dipati Japan | kinarubut ing bêdhil ||

14. pangamuke pan kadya wagra tanaya | binendrong dening bêdhil | sinosog ing katga | dipatya nora pasah | sigra dipun brangkolangi | ginutuk sela | ginitik popor bêdhil ||

15. kadar [ka...]

--- 137 ---

[...dar] pira kuwate janma sajuga | wadya tan anulungi | Dipati ing Japan | niba saking ing kuda | ginêbug kinrocok lêmbing | sampun pralaya | wong wetan aningali ||

16. ki dipati Kapulungan duk tumingal | Dipati Japan lalis | micorèng jro nala | tan luput kiraningwang | atèningsun sênak-sênig | mêngko ta apa | kang wani banjur mati ||

17. lah ta bocah payo mundur dèn agancang | sapa ngalêm yèn mati | yêkti nora nana | sapa yitna yuwana | kudanira dèn camêthi | Ki Kapulungan | sarwi malik kulambi ||

18. wong Mataram samya amburu sadaya | wong wetan dèn tumbaki | prajurit kèh pêjah | Dipati Surabaya | prajurite wus angisis | sigra lumajar | playune lonjong mimis ||

19. Adipati Tuban wau wus tumingal | saking luhuring èsthi | wong wetan kasoran | sampun tumurun sigra | kudanira dèn titihi | sigra lumajar | pingitan tan tinolih ||

20. gamêlira anyêluk Dipati Tuban | sêlir paduka kèri | Tuban sigra mojar | sok ingsun yèn uripa | yakti nêmu bojo maning | sêlir kadweka | maksih nèng luhur èsthi ||

21. katututan dening wadya ing Mataram | gajah wus dèn adhangi | sigra tinunggangan | klangênan akaruna | Ônggraita ingkang nami | Nyi Ônggrawila | wastane kang satunggil ||

22. wong Mataram amburu Dipati Tuban | saparane dèn ungsir | nitih kuda pêthak | pinênganggenan giwang | marmanipun dèn balêdig | têmah kêcandhak [kêcandha...]

--- 138 ---

[...k] | aniba sing turanggi ||

23. Adipati Tuban nusup gêlagahan | sambate kadya grimis | dhuh dubilah setan | dene nora kayaa | wong Mataram anêmêni | baya tan wruha | lamun ingsun priyayi ||

24. kang turôngga kacandhak mring wong Mataram | sigra dipun tumpaki | nulya mundur sigra | sarwi ngiringkên liman | dipôngga dipun tumpaki | kêlangkung suka | kabèh wadya Matawis ||

25. sampun katur sadaya ingkang bandhangan | dhatêng sri narapati | miwah kang pingitan | sampun katur sadaya | Martalaya matur aris | lan Jasupônta | angaturakên jisim ||

26. Adipati Japan jisime binakta | wus katur sri bupati | jêng sultan ngandika | lah ta sira jokêna | Ki Japan iku kang jisim | pan sampun prapta | jisim ngarsaning gusti ||

27. lah pêtakên nèng Butuh tunggalna Sultan | Pajang iku dèn aglis | iku wong prawira | tan arsa cidrèng baya | sêsanggupe dèn kurêbi | pantês tinêpa- | têpa dening kang kèri ||

28. kangjêng sultan sigra anêmbang têngara | ingsun bubar ing mangkin | mulih mring Mataram | pan sampun atêngara | sadaya kang ponang baris | bubar atata | lampah pêpanthan sami ||

29. tan kawarna ing marga pan sampun prapta | jro kitha ing Matawis | sigra anggêganjar | tan kawarna laminya | wêtara samadya sasi | sri naranata | sineba dening mantri ||

30. kangjêng sultan ngandika mring Martalaya | Jayasupônta tuwin | sira lumakua | marang Nglasêm nagara | sakancanira [sa...]

--- 139 ---

[...kancanira] panumping | sira ajaka | lan bala sanagari ||

31. [...]Kurang dua baris ke-1 dan 2: | sigra Martalaya | sampun amit tur sêmbah | wong panumping pêpak baris | tumya budhalKurang satu suku kata: tumulya budhal | tan kawarna ing margi ||

32. sampun prapta ing Pathi para dipatya | Martalaya nimbali | wong Pathi wus dandan | dipatine wus budhal | tan dangu dènnya lumaris | datan kawarna | ing marga sampun prapti ||

33. ing nagara Nglasêm sampun mêkajangan | nênggih Dipati Pathi | kidul kilèn kitha | dènnya amasanggrahan | dene wadya ing Matawis | kiduling kitha | atêpung ingkang baris ||

34. pan nagari ing Nglasêm sampun kinêpang | wong Nglasêm pan atintrim | ngrasa yèn kasoran | tan purun mêtonana | anulya kasaput wêngi | bupatènira | ing Nglasêm angoncati ||

35. wadya alit pan samya mêdal sadaya | ngungsi gêgaman Pathi | swaranira umyang | wong Mataram miyarsa | yèn jro kitha gègèr mangkin | panyananira | bêdhah dening wong Pathi ||

36. wong Mataram prasamya apirêmbagan | arsa angrangsang biting | pan sampun raina | sadaya wus sumêkta | kutha sampun dèn lêboni | nora antara | tumbake dèn bongkoki ||

37. pan wong Nglasêm apan kadya rêranjapan | pinaro lan wong Pathi | boyongan sadaya | binakta mring Mataram | sigra bubar ingkang baris | datan kocapa | ing marga sampun prapti ||

38. ing Mataram tan kawarna ari Soma | jêng sultan gya tinangkil | pêpak kang punggawa | miwah para santana | Jasupônta sampun prapti | Ki Martalaya | ing Pathi anèng wuri ||

34. Pangkur

1. wong agung tiga

--- 140 ---

wus prapta | ing ngajêngan mungging ngarsa sang aji | sawadyanira wus rawuh | samya marêk jêng sultan | sampun katur boyongan marang sang prabu | kalangkung suka jêng sultan | anganam dhatêng sang rayi ||

2. Dipati Pathi ginanjar | dèn pêpantês ingagêm mring kang rayi | kancana arsa wus sinung | tuwin wadya Mataram | wus ginanjar warata wadya sadarum | sigra wau kangjêng sultan | kondur ngadhaton sang aji ||

3. datan kawarna laminya | kangjêng sultan enjing miyos tinangkil | pêpak wadyabalanipun | tuwin para santana | Nyi Tumênggung Singaranu munggèng ngayun | Ki Dipati Martalaya | tan têbih munggeng ngarsa ji ||

4. kangjêng sultan lon ngandika | lah ta kakang Martalaya dèn aglis | sira sun tuduh anglurug | marang nagri bang wetan | Pasuruan sira bêdhaha rumuhun | sakèhe para bupatya | kabèh milua ywa kèri ||

5. yèn wis prapta Pasuruan | ya sakèhe sêntananingsun sami | mondhoka sawadyanipun | sakidule ing kitha | kakang Martalaya amondhoka iku | sakidul wetaning kutha | lan wong Pajang ja na têbih ||

6. Si Tumênggung Alap-alap | lan Ngabèi Tawangan iku sami | sabature aywa kantun | mondhoka loring kutha | lamun sira têka Pasuruan besuk | ajagan dina Jumungah | gonira angantêp jurit ||

7. lah ta sira budhalêna | Adipati Martalaya wotsari | pra santana amit sampun | sadaya

--- 141 ---

sigra budhal | wong Mataram mangkat saking alun-alun | amondhok jawining kitha | nganti pêpake wadya lit ||

8. anulya budhal sadaya | Adipati Pajang sampun cumawis | gêgamanira ngêndhanu | sigra mangkat sadaya | wus lumampah kocapa wau sang prabu | pinarak nèng kamandhungan | Jasupônta dèn timbali ||

9. sapraptanira ngajêngan | kangjêng sultan sigra ngandika aris | Jayasupônta sun utus | sumusula mangetan | iya sira dadia paningal ingsun | jênêngana wong Mataram | kang ala lawan kang bêcik ||

10. aja sira mèlu aprang | tingalana solahe wong Matawis | yèn aprang katara iku | kang bêcik lan kang ala | yèn wis bêdhah Pasuruan glisa mundur | lawan sira rêrangkaha | jurang palwa dèn abêcik ||

11. sakathahe wong Mataram | aywa awèh liwat jabaning baris | dene yèn ana kang purun | anarajang mring sira | nora têmên wong mau ngawula mring sun | anuli sira muliha | mring Mataram dipun aglis ||

12. lah uwis sira mangkata | Jasupônta sigra dènnya wotsari | budhal sagêgamanipun | anusul mring bang wetan | tan kawarna ing marga datan winuwus | gêgaman wetan ing Pajang | Jasupônta wus kapanggih ||

13. lan Dipati Martalaya | Jasupônta pan sampun amangsidi | tandya umangkat sadarum | gêgaman sampun budhal | saking Sala mangetan ing lampahipun | sakèh desa kang kamargan | rusak tanêm tuwuh kitri ||

--- 142 ---

14. datan kawarna ing marga | sampun prapta Pasuruan nagari | gègèr wong desa malêdug | sami angungsi kitha | sakathahe wong Pasuruan puniku | Nyi Tumênggung Kapulungan | abaris sajro nagari ||

15. barise samya balabar | wong Mataram samya ngêpung nagari | mondhok êlor lawan kidul | sakidule ing kitha | tinuguran namung ingkang kilèn suwung | iku nora tinuguran | dene wong agung Matawis ||

16. Ki Tumênggung Kapulungan | atêtêgar sarwi ngidêri baris | asru dènira amuwus | sira wong Pasuruan | sesuk esuk sira sun ajak umagut | mêtoni ing pabarisan | sira ingsun ajak mati ||

17. sampuning dalu samana | dintênipun malêm Jumungah Lêgi | yèn angucapa ing kalbu | Tumênggung Kapulungan | kaya ngapa yèn ingsun apranga besuk | kalawan wadya Mataram | môngsa ngudhilana sami ||

18. yèn wong Mataram anôngga | padha kèhe ingsun datan ngudhili | duk Pasiwalan rumuhun | ing mêngko pan sapala | suprandene binuru kapêntut-pêntut | nora kêna ginagampang | pan ingsun kêpesing-pesing ||

19. mêngko maning yèn mênanga | mapan ingsun mêngko kèri prajurit | wong Mataram baris agung | angur ingsun oncata | yèn tan yitna pasthi cêndhak umur ingsun | lah bojo padha dandana | payo lunga têngah wêngi ||

20. Ki Tumênggung Kapulungan | amung warah wadyane dèn apusi | wong Pasuruan sadarum | sira

--- 143 ---

padha dandana | payo mangsah amêtoni têngah dalu | ngamuk baris wong Mataram | kacèk sira wong sathithik ||

21. wong Mataram yêkti kathah | lamun sira narajanga ing latri | pasthi yèn sira kêcakup | mungsuhira awêndran | wong Mataram payo ta ingamuk dalu | pasthi yèn kagus sadaya | dadya rusak wong Matawis ||

22. têka tinonton kewala | sinurakan saking lor kidul pêsthi | wong Mataram samya bingung | anuli tinarajang | tinumbakan kèh mati kang gêsang mlayu | angrasa yèn tan kuwawa | marang sira takut sami ||

23. prajurit sigra adandan | amituhu saparentahing Gusti | ki tumênggung sampun mundur | busana sarwi nabda | lah ta bojo apa wis dandan sadarum | payo ta anuli budhal | gêgendhonga dipun aglis ||

24. lan sangua sêga wadhang | aja kèri lombok uyah lan trasi | sêga aking aja kantun | sun jaluk sagembolan | bokmanawa apisah anèng dêlanggung | iya sak wis angandhuta | nora sumêlang ing ati ||

25. Ki Tumênggung Kapulungan | sigra dandan kuda wus dèn kambili | wajik kang aran pun daru | cêmêng ulêsing kuda | rabènira sinaosan kuda sampun | sigra sami anênunggang | ki tumênggung sigra mijil ||

26. sarwi anêmbang têngara | surak rame hèh batur ja na kèri | lamun kèri ingsun ukum | wadya prasamya mangkat | wus prayitna sêdyanira ayun ngamuk | wong Mataram amiyarsa | yèn wong kutha amêtoni ||

27. wong Mataram sigra dandan | kudanira [kuda...]

--- 144 ---

[...nira] pan sampun dèn kambili | wong Pasuruan wus mêtu | anyana lamun pêrang | Ki Tumênggung Kapulungan sarêng dulu | lumayu ngulon parannya | Surabaya kang dèn ungsi ||

28. wong Pasuruan duk miyat | yèn gustine palayune anggêndring | amangulon paranipun | kalawan garwanira | pan sadaya wong Pasuruan mêmisuh | lah gusti kêna ing sibat | gene ingsun dèn apusi ||

29. wong Pasuruan sadaya | sami wangsul angrêbat anak rabi | wadya Mataram andulu | anulya tinurutan | pan kêcandhak sajabaning kuthanipun | apan sami tinumbakan | wong Pasuruan kèh mati ||

30. kang katungkêp lawang kitha | duk samana dalu wuwusên enjing | wong Mataram ngrampit sampun | sami angrangsang kutha | amarêngi Jumungah ing dinanipun | bêdhah kitha Pasuruan | gumuruh swaraning tangis ||

31. wus malêbu wong Mataram | ing jro kitha rêbut jarahan sami | prasamya binakta mêtu | kutha sampun ingobar | pawèstrine pan samasami binoyong sampun | mring sagung wadya Mataram | Kapulungan dèn tututi ||

32. ing Bandhung gènnya kêcandhak | Ki Tumênggung Kapulungan ningali | yèn wong Mataram amburu | kudanira kinêtap | pan kajêblos anênggih kapale rubuh | Ki Kapulungan malumpat | sêga garing kocar-kacir ||

33. lumayu akêkapalan | semahira kang tumut mung satunggil | kabèh kèri wismanipun | nênggih sampun katawan | kudanira anêgihanênggih sampun rinêbut | Kapulungan [Kapu...]

--- 145 ---

[...lungan] wus dèn bêdhag | lumayu aniba tangi ||

34. nusup anèng gêlagahan | sêsambate astafirlah sun mati | iya rabil ngalaminu | têka ngêlèh rêp mangan | apa isih sêga aking ingsun mau | dhuh dene nora kayaa | sêga aking kocar-kacir ||

35. jaran ilang tuwin somah | sêga aking de nora ana kari | adhuh apa kang sun mut-mut | nganiaya ta sira | ngudubilah pamburune wong Matarum | tan lêga yèn sun tan kêna | pan nora idhêp sun pyayi ||

36. wong Mataram pan kelangan | samya bali mung bojone kang kèri | binakta lan jaranipun | wus prapta pamondhokan | sampun katur wau mring bupatinipun | prasami andum jarahan | sakèhing para bupati ||

37. sira Arya Jasupônta | sampun bubar nglampahi ingkang wêling | ing karsa ingkang sinuhun | prapta ing Jurangpalwa | arêrangkah anèng ing jurangparau | wong Mataram sampun bubar | sakèh wong liwat tan kêni ||

38. sakèhing para bupatya | kang angiringakên boyongan sami | sampun ingaturan wêruh | yèn Arya Jasupônta | lamun tugur nênggih anèng jurangprau | gêgaman tan sinung liwat | awagugên pra bupati ||

39. Ki Dipati Martalaya | aris mojar kadipundi puniki | Jasupônta karsanipun | têka nèng Jurangpalwa | wong Mataram sadaya tan wèh lumaku | Pangran Dipati Purbaya | anênggih ngandika [ngandi...]

--- 146 ---

[...ka] aris ||

40. têka ewuh karsaningwang | yèn ana karsa dalêm mring mamiKurang satu suku kata: yèn anaa karsa dalêm mring mami | iya matêdhani bantu | tumêka Pasuruan | sayêktine angsung surat marang ingsun | Dipati Mandura mojar | apa karêpe puniki ||

41. têka ngadhangi ing dalan | yêkti nêkakakên jaman tan bêcik | lah aja kakehan padu | gih nêdha tinarajang | Jêng Pangeran Purbaya ngandika arum | lah ta kakang ing Mandura | mangke manira tuturi ||

42. yèn Ki Arya Jasupônta | boya wani yèn karsane pribadi | ing mangke pandugèningsun | karsane kangjêng sultan | Jasupônta atugur nèng Jurangprau | angadhangi wong Mataram | kaya pa gènira wani ||

43. tuduh Jêng Sultan Mataram | pan atugur ing Jurangpalwa iki | Kya Mandura kaduwungKurang satu suku kata: Kyai Mandura kaduwung | gènira darbe ujar | Ki Ngabèi Singawadana angrungu | tan pakèring gèn micara | anulya budhal rumiyin ||

44. Ngabèi Singawadana | sampun prapta ing Jurangpalwa nênggih | Arya Mandura tinutur | wau ayun angrunjang | Jasupônta alon dènira amuwus | lah apa karane gagal | nora ngrunjang iku wingi ||

45. lah ta ing wêruhanira | gèn sun tugur kakang wontên ing ngriki | karsa dalêm kang sinuhun | Ki Arya Jasupônta | nulya bubar saking ing Jurangparau | wong Mataram samya liwat | mantuk dhatêng ing Matawis ||

46. Jasupônta sampun prapta | pan wus katur solahira ing nguni | awon lawan awonipun | katur dhatêng sultanKurang satu suku kata: katur dhatêng jêng sultan |

--- 147 ---

wong Mataram sadaya pan sampun rawuh | ngaturakên bêboyongan | sri narendra suka ngênting ||

47. datan kawarna laminya | Kangjêng Sultan enjing miyos tinangkil | Ki Tumênggung Singaranu | katur kangjêng sri nata | inggih mangke wong Pajang kawula ngrungu | bêbesanan lawan Tuban | ngandika Sultan Matawis ||

48. lah ta apa rinasanan | môngsa paman sumêdya wani mami | Jasupônta nêmbah matur | rumiyin Pasêdhahan | Adipati Mandura arsa anêmpuh | inggih dhumatêng kawula | ngandika sri narapati ||

49. lah ta môngsa mangkanaa | iya paman Mandura sêdya wani | ênêngêna ta karuhun | kocapa Ki Mandura | kirim surat marang ing Pajang puniku | sampun mentar kang utusan | datan kawarna ing margi ||

50. lampahira kang cundaka | sampun prapta ing Pajang kang nagari | anulya kandhêg ing atur | marang kang tunggu lawang | sampun katur yèn wontên utusan rawuh | Dipati Pajang siyaga | tan adangu sigra mijil ||

35. Mijil

1. kang cundaka sigra matur aglis | mangrêpa turnya lon | Ki Dipati nampani surate | gya binuka kang nawala aglis | sinukmèng ing galih | tuwin têmbungipun ||

2. pèngêt iki surate dipati | ya Mandura ingong | pan wiyose Dipati Pajange | ingkang sampun antuk sih Hyang Widhi | kadwi kajêngkangjêng nabi | ing supangatipun ||

3. myang kang barkat sakabat prasami | tuwin wali kaot | kang sumare sabrang Jawa kabèh | muga-muga antuka ingkang sih | lan panêdha mami | panjanga yuswamu ||

--- 148 ---

4. kapindhone salam donga mami | mring sira riningong | kalawan malih yayi ing mangke | yèn andika parêng arsa balik | mungsuh wong Matawis | mangke mangsanipun ||

5. jêngandika enjang yèn ajurit | lawan jêng sang katong | pan manira ngamuk ing wurine | sampun kirang pracaya ing mami | andêlna ing benjing | yèn têkèng prang pupuh ||

6. sampun têlas wiraosing tulis | èsthi prayaningong | sampun kawrat ing dalêm surate | Adipati Pajang ngandika ris | mring utusan aglis | matura anuwun ||

7. apa kakang nora anyidrani | benjang yèn têkèng don | kang utusan agupuh ature | kadi botên anyidrani janji | dipati nabda ris | muliha rumuhun ||

8. lah matura mring si kakang benjing | yèn antuk margèngong | pasthi ingsun amungsuh sang rajèng | poma kakang aja anyidrani | utusan wus pamit | sigra lampahipun ||

9. tan kawarna ngênu praptèng ngarsi | aturira alon | rayi paduka ngantos margine | sampun pasthi ing benjang ambalik | brastha tur wotsari | nêngêna rumuhun ||

10. kang kocapa sultan ing Matawis | siniwèng sagung wong | sri narendra alon andikane | ingsun ngrungu ing Pajang nagari | ana jaran bêcik | si dumba ranipun ||

11. bocah gandhèk lumakua aglis | sira ingsun kongkon | marang Pajang pundhutên jarane | Tambakbaya si domba kang nami | kang kinon [ki...]

--- 149 ---

[...non] wotsari | aglis lampahipun ||

12. tan kawarna ing marga wus prapti | ing Pajang kang kinon | lagya sineba dipati mangke | nanging Tambakbaya dèrèng nangkil | utusan mangarsi | alon aturipun ||

13. jêngandika tampi ki dipati | timbalan sang katong | kinèn mundhut kudanira age | wasta pun dumba ingkang turanggi | adipati angling | dede kudaningsun ||

14. inggih mangke sun undange dhingin | tumulya glis akon | kinèn ngundang mring Tambakbayane | lan kudane dèn gawaa aglis | utusan wus prapti | alon aturipun ||

15. jêngandika tinimbalan aglis | wontên duta katong | kapal dika kabêktaa mangke | kinarsakkên Jêng Sultan Matawis | Tambakbaya angling | rêngu ulatipun ||

16. kapan ana gamêl dipun aglis | dumba kudaningong | aja bêcik-bêk kambilaneKurang satu suku kata: aja bêcik-bêcik kambilane | mapan sampun kapal dèn kambili | sinaoskên aglis | Tambakbaya mêtu ||

17. wus anitih kuda sarwi angling | eman kudaningong | singa ingkang anungganga mangke | Tambakbaya lamun maksih urip | manawa wus mati | ucul kudaningsun ||

18. sampun prapta paseban gya linggih | dipati nabda lon | kudanira pinundhut ing mangke | marang ingkang Sinuhun Matawis | aturêna aglis | iya karsaningsun ||

19. Tambakbaya arêngu kêpati | pan sarwi nabda lon | yèn kapundhut pun dumba ing mangke | kalih rabi kawula puniki | ciptane

--- 150 ---

gih sami | sun palaur lampus ||

20. Tambakbaya sigra mundur aglis | nitih kuda cemplo | amêmanas utusan kalbune | kudanira sigra cinamêthi | pun dumba anyirig | sarwi ngêmbat lawung ||

21. dènnya tatêgar wau malipir | sarwi nabda alon | dene eman si dumba lungane | lamun maksih Tambakbaya urip | sok wonga nunggangi | jaba yèn wus lampus ||

22. Tambakbaya kulite winiwir | sarwi angling dhoso | baya kulit angêntasi gawe | apa kêlar kinarya ambalik | mungsuh wong Matawis | pantêse sun purun ||

23. sarwi nitih watange kumitir | srêgnya kapêrabon | pan asangêt molahkên awake | amêmanas gandhèk ing Matawis | utusan ningali | datan pamit mundur ||

24. lampahira sêsandêran aglis | prapta ing kadhaton | sampun maswi kangjêng sang arajèng | gandhèk kalih umatur wotsari | mring sri narapati | amba kang sinuhun ||

25. paduka utus mring Pajang gusti | mundhut kuda ingong | Tambakbaya pun dumba namane | botên suka kapundhut narpati | amêmanas galih | ing saksolahipun ||

26. pan wong Pajang sayêkti hyun balik | purun jêng sang katong | ngêmu duka jêng sultan tingale | jajanya brit kadya mêdal agni | wadana katon brit | lathinya kumêdut ||

27. tingalira lir srêngenge mijil | wadyanira anon | yèn jêng sultan [sulta...]

--- 151 ---

[...n] asangêt dukane | mukanira lir konjêm ing siti | tan adarbe urip | ngandika sang prabu ||

28. boyongana kabèh ja na kèri | sayêkti yèn awon | patènana kabèh wong lanange | wadya Mataram saha wotsari | samya anglampahi | parentah sang prabu ||

29. pan wus budhal sakèhing prajurit | mring Pajang gumolong | pan wong desa samya bubar kabèh | yèn abôngga pan dipun pêjahi | kang sawênèh ngungsi | marang kuthanipun ||

30. kang kacandhak samya dèn boyongi | sakèhing wong wadon | sampun brastha wong kidul desane | wus binakta dhumatêng Matawis | ing Pajang winarni | adipatinipun ||

31. wus sumakta sikêping ajurit | pêpakan kanang wong | Tambakbaya mranti gêgamane | kajinêmanira dèn kakisik | sumêktaning jurit | matah lurahipun ||

36. Asmaradana

1. kawan dasa kang pinilih | pan sami prakosanira | gêgilani tênagane | ajêjenggot palawangan | sajêmpol agêngira | godhèg wok simbar kêkulung | angajrihi warnanira ||

2. yèn sinuduk malangkêrik | yèn tinumbak guywa latah | binêdhil pating cêkèkèk | kang awasta Gêlapngampar | kalawan Langitbêdhah | Juranggrawah Padhaswatu | lawan pun Sapigumarang ||

3. pun Andaka kang satunggil | kalawan pun Marcukundha | Dhudhabangsong salawase | lan Si Edan sabên dina | lawan pun Rôngga Ayan [A...]

--- 152 ---

[...yan] | Jegangjaya kang asêpuh | yèn dinulu ting jalemprah ||

4. lan pun Rôngga Lalulali | lawan Dêmang Gêlapedan | lan Rôngga Thona-thanine | lawan ta Ki Walanganggas | lawan Ki PasararunganLebih satu suku kata: lan Ki Pasararungan | Gagakrimang Rôngga Janur | punika pangirit lampah ||

5. wong Pajang sampun abaris | pêpak wadyabalanira | Ki Dêmang Janggalayane | Ki Arya Gêdhêgmanggala | ênêngêna samana | gantya wau kang sinuhun | ing Mataram atêngara ||

6. pan sampun amêpak baris | wong Mataram wus sumêkta | prajurit sagêgamane | bupati pêpak sadaya | maswi ngarsa jêng sultan | ngandika kangjêng sang prabu | lah ta paman ing Mandura ||

7. pêkênira ingsun tuding | angirida wong Mataram | yèn lêleda ing jurite | pêkênira patènana | lan uwa Purubaya | lan paman Juminah iku | myang Dipati ing Sumêdhang ||

8. lawan Dêmang Tanpanangkil | iku padha angirida | dadia ing pangawate | nênggih Dipati Mandura | ngrasa wagugên driya | dene tampi dhawuh prabu | kinèn ngirida gêgaman ||

9. dhingin pan sampun prajangji | kalawan Dipati Pajang | mangke pakèwêd kalbune | yèn ora anglakonana | saking sih sri narendra | wong kayangapa wak ingsun | dadya manglalu budinya ||

10. sampun budhal ingkang baris | Ki Mandura anèng têngah | tan kawarna ing lamine | wus prapta nagari Pajang | sampun ta amondhokan | anênggih gêgamanipun | Ki Mandura anèng [a...]

--- 153 ---

[...nèng] têngah ||

11. kang dadi pangawat kering | Adipati ing Sumêdhang | Pangran Juminah rowange | kang dadi pangawat kanan | Pangeran Purubaya | kalih kang rayi puniku | Pangran Dêmang Tanpasowan ||

12. Dipati Pajang ginusthi | wus ta tata jabaning kuthaLebih satu suku kata: wus tata jabaning kutha | Tambakbaya nèng têngêne | ki dêmang ing Jagaraga | anèng pangawat kiwa | Dipati Pajang angrungu | yèn Mandura ngirid lampah ||

13. angrasa ayêm ing galih | dene sanggupe samana | [...]Kurang dua baris, ke-3 dan 4: | enjang sampun atata | pan ayun-ayunan sampun | wong Pajang lan wong Mataram ||

14. sigra atêngara aglis | sampun campuh ing ayuda | Dipati Tambakbayane | narajang mring wong Sumêdhang | pan sampun tinadhahan | angamuk sarowangipun | wong Sumêdhang kathah pêjah ||

15. Dipati Sumêdhang kanin | Tambakbaya mungsuhira | kêlangkung wulêt kulite | wong Sumêdhang sampun dhadhal | Adipati Juminah | têngara sigra anêmpuh | wong ing Pajang kathah pêjah ||

16. Tambakbaya dèn kathahi | kinarutug ing sanjata | têguh kalawan jarane | anênggih kathahên lawan | kalindhih sampun nunggal | lan Dipati Pajang kumpul | arsa narajang ing têngah ||

17. apan arsa angyêktèni | sanggupira Ki Mandura | sigra anêrajang age | Panêmbahan Purubaya | angabani kang wadya | Dipati Mandura kerut | lali ing samayanira ||

18. pan sampun atêmpuh jurit | surake kadya ampuhan | Ki Dêmang

--- 154 ---

Jagaragane | pangamuke katadhahan | mungsuh Pangeran Dêmang | prajurit Pajang kèh tatu | lawan ingkang pêjah kathah ||

19. Dipati Pajang ngawaki | anênggih kathah katawan | Tambakbaya pangamuke | kinarubut ing prawira | Tambakbaya wus sayah | kalindhih nulya lumayu | sarwi ngucap ngundhat-undhat ||

20. Ki Mandura dèn pisuhi | dene cidra ing ubaya | wong Pajang angucap kabèh | Ki Mandura kaniaya | cidra sanggupanira | wong Mataram samya ngrungu | ginarit sajroning driya ||

21. Mandura purwaning kardi | sakathahe wong Mataram | samya anitèni kabèh | Dipati Pajang lumaywa | lan Arya Tambakbaya | angampiri garwanipun | binoncengakên ing kuda ||

22. pan sarwi dipun tututi | palayune sêsandêran | andêrwili sêsambate | lah bojo dèn kukuh sira | manawa têmah tiba | mênèk kêcandhak ing mungsuh | Nyi Tambakbaya mèh tiba ||

23. semahe dipun cêkêli | tumulya atilar kuda | ngucap Tambakbaya age | iki kang dadi wisuna | yèn ora sun tilara | dèn tutkên saparan ingsun | mari-mari yèn kêcandhak ||

24. sampun prapta ing Sumanggi | sami anumpak baita | nênggih wong katri wus kamot | Ki Tumênggung Jagaraga | lan Arya Tambakbaya | Dipati Pajang nèng ngayun | sinigêg kang lampah palwa ||

25. wong Mataram kang nyêkêli |

--- 155 ---

kuda kang aran pun dumba | jaran têtiga kathahe | pan sampun sami kabandhang | wong Pajang binoyongan | dèn pèk kêbo sapinipun | binakta dhatêng Mataram ||

26. anênggih sampun atêbih | lampahe Dipati Pajang | ing Surabaya jujuge | wong Mataram sampun bubar | tan kawarna ing marga | wus prapta nagri Matarum | sri narendra siniwaka ||

27. wus katur bandhangan sami | kuda kang aran pun dumba | kalawan bêboyongane | wus sami katur sadaya | suka sri naranata | Dipati Pajang dinangu | ngêndi ingkang dèn ungsia ||

28. kang dinangu matur aris | nênggih dhatêng Surabaya | katiga tunggil parane | kang sinuhun lon ngandika | hèh kakang Martalaya | sira sun kongkon anglurug | lawan Arya Jasupônta ||

29. ya padha cawisa dhingin | sadandananing ayuda | wong sèwu numbakanyare | wong bumija acawisa | lan sira utusana | mring Pathi awèha wêruh | yèn susun kon nglurug mring Tuban ||

30. wus kondur sri narapati | lumêbèng mring dalêm pura | tan kawarna ing lamine | wong Mataram wus siyaga | Ki Dipati Santênan | sampun ngadêg barisipun | ngantêp wadya ing Mataram ||

31. jêng sultan enjing tinangkil | pêpak ingkang balakuswa | sumêkta lan gêgamane | Adipati Martalaya | lawan Jayasupônta | sampun winêling sêdarum | Martalaya awotsêkar [awotsê...]

--- 156 ---

[...kar] ||

32. ngandika Sultan Matawis | lah uwis sira mangkata | dèn prayitna ing jurite | para mantri atur sêmbah | wus budhal ing paseban | wadyabala pan gumuruh | budhal sagungirèng wadya ||

33. datan kawarna ing margi | wus prapta nagari Tuban | dipati barise amor | ing Pathi lan wong Mataram | wong Tuban kagegeran | wong cilik samya lumayu | angungsi sajroning kitha ||

34. wong Sêdayu samya ngili | kêlawan wong Pringgabaya | samya mring Tuban parane | nênggih Adipati Tuban | pan dhingin wus utusan | mring Mandura wus biyantu | mapag prang wadya Mataram ||

35. lan Dipati Surawèsthi | wus samya saguh bantu prang | Dipati Surabayane | datan lumaku mring Tuban | anênggih jaga kutha | kang kinèn lumaku bantu | Ki Adipati Sanjata ||

36. nênggih angungsi rumiyin | kang saking nagri ing Pajang | Ki Dêmang Jagaragane | jinunjung linggih dipatya | Sênjata wastanira | punika kang kinèn bantu | marang Ki Dipati Tuban ||

37. Tambakbaya kinèn ngirid | prajurid ing Surabaya | wus budhal tata lakune | miwah gêgaman Mandura | ingkang bantu mring Tuban | nênggih sèwu kathahipun | wus prapta nagri ing Tuban ||

38. wus anèng jro kutha Tubin | sampun sinungan pondhokan | purna wau winiraos | kocapa wadya Mataram | apan ta sampun tata | wong Mataram pondhokipun |

--- 157 ---

wontên sakiduling kitha ||

39. dene Dipati ing Pathi | barise kilèning kitha | sampun sumêkta pondhoke | biting jagang sampun dadya | santosa kapurancang | ngrangsang kutha karsanipun | ing mangke sampun têngara ||

40. sigra majêng ingkang baris | wong Mataram wus angrangsang | kutha agiyak surake | arame abêbêdhilan | wau ta kang ayuda | swarane lir gunung rubuh | sênjata wasiyat Tuban ||

41. wasta kalih sidamukti | kalawan aran pun gêlap | anulya angungêlake | sênjata anulya pêcah | wus tugêl dadi papat | pun gêlap lamun arêmuk | adipati angandika ||

42. tugêlipun sidamukti | ciptaning tyas sang dipatya | yêkti iku têngêrane | wirayat kang kuna-kuna | yèn pêcah kang sanjata | nagri Tuban pasthi lêbur | tan ana ing dayanira ||

43. kang pêrang kasaput wêngi | mundur Adipati Tuban | amicorèng jro kalbune | kalamun ingsun sêranga | priye gonku mênanga | wasiyatku uwis ajur | pasthi prangku yèn kasoran ||

44. wus malêbêt dalêm puri | pinarak lan para garwa | dipati lêsu sêmune | alon dènnya angandika | sira sang adipatya | ngandika mring garwanipun | hèh sira padha dandana ||

45. kabèh duwèkmu ja kari | padha sira gendhongana | aywa na kèri wismane | dipun age sêlak rina | kang garwa sampun dandan | wancinipun têngah dalu | kèn nimbali punakawan [punaka...]

--- 158 ---

[...wan] ||

46. wus prapta abdi winangsit | padha sira tabuhana | nèng paseban dipun rame | dimène wadyèngsun inggar | akukuh yudanira | mêngko ingsun arsa ngamuk | poma aja na pêpeka ||

47. wancinira têngah ratri | Dipati Tuban wus mangkat | kalawan wau garwane | gamêlan sampun tinêmbang | wong jro agiyak-giyak | Dipati Tuban gya mêtu | amiyos saking butulan ||

48. Adipati Tuban aglis | pan sampun numpak baita | sigra ababar layare | pan mangetan lampahira | sumêdya ngungsi ngarga | lah ing ngriku kang winuwus | kocapa sajroning kutha ||

49. pan sampun enjing nulya glis | ramening prang long-linongan | umyang ing jro gamêlane | sakeca gènnya tabuhan | samya agiyak-giyak | wong dalêm eca ing kalbu | anyana gustine nendra ||

50. Tambakbaya Adipati | lawan Dipati Sênjata | sampun uninga karone | yèn Dipati Tuban kentar | wong agung pagunêman | mangkana ing rêmbugipun | Dipati Sênjata mojar ||

51. punapa ta karsa adhi | Dipati Tuban wus minggad | anyilipkên palayune | andika kinarya pakan | magut uwong Mataram | boya eca raosipun | tan wande dika kasoran ||

52. nêdha sama bolos wêngi | sapa kang yitna yuwona | yèn kacêpêng

--- 159 ---

bok pinatèn | sampun prasami adandan | sigra lolos kadwinya | Dipati Sênjata wau | lan Dipati Tambakbaya ||

53. Dipati Sênjata angling | wus takdire wong ing DubanTuban | yèn kapupu nagarane | wus miyarsa wong Mandura | Dipati Tuban minggat | wong Mandura samya muwus | hèh ta batur bubarêna ||

54. wruhanira dèn apusi | dening Adipati Tuban | sira iki kari dhewe | wong Mandura sigra bubar | samya mêdal pungkuran | apan sampun numpak prau | kawarnaa wong ing Tuban ||

55. ingkang sami maksih baris | kang jaga anèng plataran | wêruh yèn bolos gustine | anulya ngêlun sadaya | samya ngrêmbug uripnya | mangalor palayunipun | samya ngrêbut kang baita ||

56. wong wadon pating jalêrit | swaraning tangis gumêrah | kang apisah lan bojone | ana kang kelangan suta | sami abilulungan | arame rêbat pêrau | kang sawênèh rêrêjêngan ||

57. anèng têpining bênawi | kang tangis kadya ampuhan | arame rêbut ênggone | wasana ingkang baita | pan kêkathahên janma | kèrêm prau silêm banyu | kathah wong pating karambang ||

58. ya ta wong Mataram uning | yèn kitha lèr sampun bêdhah | pan wus suwung nagarane | tandya wong Mataram sigra | samya angrangsang kitha | sadaya prasamya mlêbu | lawang kitha wus binêdhah ||

59. wus malêbêt jroning [jro...]

--- 160 ---

[...ning] puri | samya arêbat rayahan | Dipati Wôngga parane | angungsi dhatêng Ngalengga | wong Tuban kang kocapa | wadone binakta mêtu | sêdyane dadi boyongan ||

60. ri sampunira ing mangkin | nulya mundur wong Mataram | datan kawarna lampahe | sampun prapta ing Mataram | pêpak wadya sadaya | gêgaman tata akumpul | ing prênahe sowang-sowang ||

61. sinuhun miyos tinangkil | sineba ing wadya aglar | ingkang nglurug prapta kabèh | wus munggèng ngarsa jêng sultan | prasamya tur boyongan | sadaya sampun kaatur | kalangkung suka sri nata ||

37. Sinom

1. jêng narpa sampun gêganjar | wadya ingkang dhatêng jurit | sadaya sampun warata | Arya Jasupônta nênggih | sampun jinunjung linggih | jumênêng sira tumênggung | wasta Sujanapura | bupati samya ngèstrèni | wus misuwur nagri Mataram sadaya ||

2. sang nata sampun ngadhatyan | tan kawarna ing alami | wau jêng narpa sineba | pêpak wadya ing Matawis | sang nata ngandika ris | Ki Janapura sirèku | mêngko sira sun duta | iya mênyanga mring nagri | ing Mandura sira inggal lurugana ||

3. angirida wong Mataram | sira dadia pangarsi | wadya pasisir sadaya | sira adua ngajurit | Dêmak kalawan Pathi | Kalinyamat lawan Kudus | Nglasêm lawan Juwana | Kaliwungu lan Garêsik | lan Gajihan Batang lawan Pêkalongan [Pêkalong...]

--- 161 ---

[...an] ||

4. Wiradesa lan Pamalang | Barêbês lawan wong Têgil | Wirasaba lan Sumêdhang | sira adua ing jurit | nata dhawuhkên maring | Ki Tumênggung Singaranu | lah sira kongkonana | sakèhe wadya Pasisir | patêmona ing Badholèng tata bala ||

5. Sujanapura wotsêkar | sakèhe mantri panumping | sami tur bêkti sadaya | numbakanyar lan wong bumi | wong sèwu awotsari | gêgaman budhal rumuhun | mantri lumakyèng wuntat | dadi pangiriding baris | Tumênggung Sujanapura wus lumampah ||

6. sampun lêpas lampahira | datan kawarna ing margi | ing Badholèng sampun prapta | sakèhing wadya pasisir | pan sampun sami prapti | samya acawis pêrau | miwah baita tundhan | tunggangane wong Matawis | Ki Tumênggung Sujanapura wus minggah ||

7. anitih kang palwa lanang | prasamya asikêp bêdhil | sakèhe para dipatya | wus anitih palwa sami | sagung tundhan prau lit | para wadya numpak ngriku | sampun ambabar layar | tinon lir paksi tumiling | anèng laut ting karêlap ting karêthap ||

8. wus prapta ing Surabaya | dèn sêsiwo kang nagari | wong cilik kèh kagegeran | samya ngungsi jron nagari | wadya ing Surawèsthi | ing mangke nora têtulung | marang nagri Mandura | ajaga kitha pribadi | kawarnaa gêgaman gêng ing lautan ||

9. wus prapta nagri Mandura | prapta pinggiring kêkisik | kawarnaa [ka...]

--- 162 ---

[...warnaa] wong Mandura | pêpak anèng ing Pasisir | prasamya anjagani | wong Mataram inggahipun | sampun ayun-ayunan | arame bêdhil-binêdhil | wadya surak gêr kadya tangkêp ngakasa ||

10. wong Mataram pan kewuhan | ora olèh papan jurit | ingkang mara mara pêjah | kang amundur-mundur kanin | nanging wadya Matawis | amêksa angungkih purun | anênggih katadhahan | gènnya aprang wus alami | kawarnaa wong Mandura pirêmbagan ||

11. Dipati Sampang Mandura | Sumênêp lan Surèngwèsthi | ing Balega Pakacangan | samya agunêm ing wêngi | Dipati Sampang angling | kadipundi karsanipun | kèhing para dipatya | ing jurite wong Matawis | sampun lama tan ana wêkasanira ||

12. ing mangke karsa manira | dimèn munggah wong Matawis | yèn wus munggah nèng dharatan | nêdha dèn antêp kang jurit | sayêkti wong Matawis | pêsthi mati klêbèng banyu | ginêtak saka ngarsa | undure kalêbèng warih | wong Mataram pasthi pêjah dening toya ||

13. bupati wus samya rêmbag | sampun ingundhangan sami | sakèhe para bupatya | kinèn andhêdhêp rumiyin | yèn munggah wong Matawis | amêntas kang anèng laut | anulya tinarajang | dimèn tumpês wong Matawis | lah ing ngriku sinigêg wadya Mandura ||

14. gantya kocap wong Mataram | Tumênggung Sujanapuri | lagya samya ôndrawina | anèng têngahing jaladri | bupati dèn [dè...]

--- 163 ---

[...n] utusi | sadaya samya tumurun | nitih baita kapal | Dipati Dêmak wus prapti | wus aminggah baitane Janapura ||

15. bupati prasamya prapta | anitih pêrau alit | prasamya adhêdhayungan | wênèh jungkung dèn titihi | tuwin anitih konthing | pêrau samya andulur | sampun prapta sadaya | wus minggah para dipati | palwanira Ki Tumênggung Janapura ||

16. ki tumênggung angandika | angantêp sakèh bupati | kadya punapa prikônca | gènnya aprang sampun lami | datan ana mungkasi | wong ngili akathah lampus | mangke karsa manira | nêdha sami angawaki | pra bupati lah samya wontên ing ngarsa ||

17. sakèhe para prawira | apêranga ta kariyin | bupatine angirida | kalamun pinrêk ngajurit | sakèh prawira sami | lah nêdha prasamya ngamuk | aja na kang kuciwa | samya barêng angêmasi | pra bupati samya gilig rêmbagira ||

18. pan sampun aprajanjian | sarêng bubar bangun enjing | samya manggèn sowang-sowang | sakèhing para bupati | tan dangu sampun prapti | dhatêng ing baitanipun | suwarèng marang bala | sadaya wus dèn undhangi | byar raina wus samya dandan ngayuda ||

19. samya minggirakên palwa | prajurit wus andhingini | tan ana sabawanira | wus samya munggah aririh | prajurit ngati-ati | prapta ing dharatan sampun | samya nata gêgaman | wadya lit kabèh wus prapti | wong Mataram [Matara...]

--- 164 ---

[...m] nèng dharat prayitnèng baya ||

20. pan sampun nata gêgaman | arantap pinggir pasisir | kêbak wadya ing Mataram | sanjata sampun miranti | kolontaka nèng ngarsi | ngegla mariyêm nèng ngayun | towok tulup lan panah | purna wadya ing Matawis | kang kocapa dipatine ing Mandura ||

21. ngandika mring wadyanira | mungsuh kinèn mirsa aglis | utusan sampun uninga | yèn wong Mataram wus rakit | prajurit para mantri | sampun tata barisipun | tuwin para bupatya | wus minggah sadaya baris | duta wangsul wus marêg ing gustiraKurang satu suku kata : duta wangsul wus marêg ing gustinira ||

22. matur gugup gya têngara | kasêsa tataning baris | dene ta ina kang mêngsah | samya lena ingkang mantri | nora anyana mangkin | lamun dèn unggahi dalu | dadya gugup têtanya | dene mungsuh ambêdhili | wong Mataram surak gêr lir langit rêbah ||

23. wong Mandura sampun mêdal | rusak tataning kang baris | agugup asêlak prapta | wong Mataram ambêdhili | wong Mandura kèh mati | kang kêna pelor jêpupung | pan kadhingan papanKurang satu suku kata: pan kadhinginan papan | ingkang mara-mara mati | ingkang mundur wong Mandura kapracondhang ||

24. sakèhe para dipatya | ing Mandura ingkang kèri | samya ngawaki pribadya | arsa ngantêp ing ajurit | Dipati Caturkait | sumêdya barênga lampus | nênggih wong Pamêlingan | pan arsa angantêp jurit | sêdyanira [sêdya...]

--- 165 ---

[...nira] lêbura anèng jro kitha ||

25. lawan wadya Ngarebaya | Balega Sumênêp inggih | arêmbug lawan Mandura | Dipati Sampang nuruti | rêmbugnya sampun dadi | sigra atêngara nêmpuh | suraknya gêgênturan | kadya bêlah bumi gonjing | swaranira kang surak umyang gumêrah ||

26. kalantaka asauran | gumlêgêr swaraning bêdhil | ngakasa kadya tangkêba | tibaning mimis lir grimis | wong Mandura kèh mati | wong Mataram kathah tatu | rame dènira yuda | dangu tan ana kalindhih | prajurite Mandura ngamuk sadaya ||

27. barêng rampak anarajang | arame têmpuhing jurit | wong Mataram samya tadhah | prajurite angawaki | tuwin para bupati | ing pasisir sarêng nêmpuh | arame bôndayuda | wong Mandura akèh mati | pra prawira Mandura tan na mundura ||

38. Durma

1. prajurite wong Mandura anarajang | aran pun Jagapati | polahe lir wagra | tanaya kurang pangan | wong Mataram anadhahi | pan sampun pêjah | wontên prajurit malih ||

2. anarajang awasta pun Jayèngkara | kalawan Jayèngpati | tuwin Jayèngrana | catur Suradilaga | kapônca sang Surèngpati | êsat Jabrata | kasapta Gobag-gabig ||

3. asthanira Ki Dêmang Sabukbalumbang | nawa Rôngga Dhaggêdhig | ênir Dêmang Latah | Ki Dêmang Cukakakan | Thonakani wêdi ngisis | sinuduk pêjah [pê...]

--- 166 ---

[...jah] | lan Ki Bosênaurip ||

4. sarêng nêmpuh suraknya kadya ampuhan | gêr lir rubuh kang langit | prajurit kèh lena | ya ta Dipati Sampang | pêrange anguciwani | sampun lumajar | binuru wong Matawis ||

5. wong Mandura ingkang pêjah ayêyutan | dipatine angisis | pan sampun lumaywa | Dipati ing Mandura | Dipati Sumênêp gêndring | tuwin Balega | lumayu lonjong mimis ||

6. Aribaya pêlayune kêkadhalan | wong Mataram nututi | nênggih pamêlingan | muwêr nèng jroning kitha | sumêdya angantêp jurit | nèng jroning kitha | sumêdya ambêk pati ||

7. wong Mataram sigra sami abêbandhang | sampun laju kang jurit | nulya rêrêp samya | nênggih wontên padesan | warnanên wau Dipati | Sampang utusan | mring pondhok wong Matawis ||

8. atur surak mring Tumênggung Janapura | mapan sampun apanggih | utusan tur sêmbah | surat wus tinampanan | binuka kang ponang tulis | sêsmitanira | kawula atur bêgti ||

9. ping kalihe inggih ambarsa ngawula | jêng sultan ing Matawis | andika tanggunga | ing awon sae kula | nadyan tumêka ing pati | dunya ngakerat | jêng sultan gusti mami ||

10. langkung suka Tumênggung Sujanapura | ing saungêling tulis | sigra kang cundaka | kinèn nuli wangsula | matura marang si adhi | ya dèn pracaya | ywa sumêlang ing galih ||

11. sampun pamit utusan [utu...]

--- 167 ---

[...san] wangsul wus prapta | matur marang ing gusti | ing ngriku saksana | kocapa ing Santênan | nênggih Adipati Pathi | miyarsa warta | wong Mataram kèh mati ||

12. karsanira Dipati Pathi Bragola | ambantoni ngajurit | sigra atêngara | amêpak wadyanira | prajurit Pathi abaris | sumêktaning prang | pra mantri samya nangkil ||

13. sampun pêpak prajurite wong Santênan | kang wasta Sawunggaling | lawan pun Wijômba | munggèng ngarsa dipatya | punika mantri prajurit | samya pilihan | andêl-andêling jurit ||

14. adipati gya akèn nêmbang têngara | ambudhalakên baris | sigra adipatya | sampun nitih turôngga | mangkat ngiringkên wong Pathi | gêgamanira | kadya prawata sari ||

15. lah ing ngriku lampahe ki adipatya | kawarnaa kang baris | anèng ing Mandura | Kyai Sujanapura | pan ing mangke ingkang karsi | arsa angrangsang | wêkasan ingkang biting ||

16. wus lumampah gêgaman kang ngêpung kutha | midêr wadya Matawis | kang lor kidul wetan | kilèn pan binarisan | apan ta sampun prajangji | sarêng angrangsang | kocapa jroning biting ||

17. wong jro kitha nênggih Mêkasan sadaya | prasamya ambêg pati | sampun amêlatar | prajurit wus prayitna | bupatine tunggu kori | wong kajinêman | ingkang dipun kêkisik ||

18. Ki Tumênggung Sujanapura barisnya | angarêpakên kori | wingking kori kanan | wong pasisir barisnya | sigra atêngara muni | nêmpuh sêdaya | gêng

--- 168 ---

gih dipun tadhahi ||

19. pan gumuruh swaraning bêdhil lir gêrah | kalantaka amuni | suraknya barungan | kadya tangkêp ngakasa | wong Mataram akèh mati | wênèh kabranan | miwah wadya pasisir ||

20. Ki Tumênggung Sujanapura tumingal | yèn balanya kèh mati | sigra anêrajang | angawaki pribadya | nyandhak wadung madung kori | wong Pamêkasan | sadaya ambêdhili ||

21. datan kandhêg dènira amadung lawang | sampun bêdhah kang kori | wong ing Pamêkasan | sampun mêpak sadaya | anulya anêmpuh wani | jroning wiwara | samya lêmbing-linêmbing ||

22. ingkang yuda arame pêdhang-pinêdhang | wênèh katga agênti | caruk ujung asta | sigra jambak-jinambak | wênèh ana ting-binanting | arêrêjêngan | sêndhal-sinêndhal gênti ||

23. Dyan Tumênggung Sujanapura narajang | angawaki pribadi | Dipati Mêkasan | ngriku awas tumingal | dipati sigra ngawaki | suraking bala | kadya ngrubuhna langit ||

24. Ki Tumênggung Sujanapura tinumbak | gancang dènira nakisnangkis | putung ponang watang | Dipati Pamêkasan | anulya dipun larihi | tangkis curiga | tugêl watang kêkalih ||

25. Ki Tumênggung Sujanapura brêmantya | narik curiga aglis | Dipati Mêkasan | sinuduk jajanira | watara kacêp sanyari | amalês sigra | nulya dipun larihi ||

26. Ki Tumênggung [Tu...]

--- 169 ---

[...mênggung] Sujanapura kang kêna | sêsalange kang kering | pasah sakênaka | gêtihe tan umêdal | anulya kasaput wêngi | mundur kang yuda | samya atawan kanin ||

27. Adipati Pamêkasan sampun pêjah | anèng sajroning puri | Ki Sujanapura | seda wontên pondhokan | wadya Mataram atintrim | ingkang kocapa | Ki Adipati Pathi ||

28. sampun prapta ing Santênan barisira | nanging nora mêningi | mring Sujanapura | pan sampun masanggrahan | wus myarsa lamun ngêmasi | Sujanapura | sigra Dipati Pathi ||

29. undhang-undhang mring sagung baris Mataram | prituwin wong pasisir | ja na kabèh padha | lelanelenane Janapura | iya ingsun kang gumanti | pangiriding prang | ngrênggani senapati ||

30. lah ing kono wus rinakit gya têngara | mangsah kanan myang kering | wong ing Pamêkasan | kang mêksih nèng jro kitha | manahe prasamya wingwrin | gustine seda | mila kêndho ing jurit ||

31. wus malêbêt prajurite ing Santênan | wong jro biting kèh mati | nulya nungkul samya | wênèh ngrêbut panganggya | pawèstrine dèn boyongi | bandhosanira | dipati dan kêpanggih ||

32. myang garwane samya jinarah sadaya | miwah pingitan adi | tangisira umyang | wong dalêm awurahan | prasamya binakta mijil | mring wong Santênan | wusdene wong Matawis ||

33. wong Mandura mapan sami binoyongan | sadaya tan akari [a...]

--- 170 ---

[...kari] | nanging wong ing Sampang | pan ora binoyongan | dene wus nungkul rumiyin | bupatinira | nênggih agawe bêcik ||

34. Ki Dipati Ngaribaya ngungsi ngarga | lajêng dhumatêng Giri | Sumênêp Dipatya | kacêpêng wus binônda | anulya dipun pêjahi | Dipati Blega | binakta mring Matawis ||

35. sampun bubar Adipati ing Santênan | miwah wadya Matawis | pasisir sadaya | sampun anitih palwa | layare binèbèr aglis | datan kawarna | sampun prapta Garêsik ||

36. nênggih Adipati Sampang atut wuntat | sewaka ing Matawis | nahên kang kocapa | jêng sultan ing Mataram | sampun ngaturan upêksi | Sujanapura | nênggih sampun ngêmasi ||

37. dene garwa sêliripun Janapura | sampun binoyong sami | Balega kabêkta | Sumênêp sampun pêjah | Pamêkasan inggih lalis | lan Janapura | têmpuh sarêng ngêmasi ||

38. sangêt ngungun dupi myarsa sri narendra | ngandika sri bupati | patènana enggal | kang aran Si Balega | kang kinon amêsat aglis | kapêthuk marga | nèng Jurang dèn pêjahi ||

39. sampun pêjah ki dipati ing Balega | Jurangpalwa puniki | jisime pinêtak | kocapa kang lumampah | ing wuri prapta Matawis | Pangran Pragola | lan sabalanipun PathiLebih satu suku kata: sabalanipun Pathi ||

40. lawan wadya Mataram prapta sadaya | nênggih Dipati Pathi | pan dadya tontonan [tonto...]

--- 171 ---

[...nan] | gêgaman ing Santênan | warnane lir yangyang tulis | têngaranira | lir pendah wukir sari ||

41. busanane prajurite murub mubyar | pan sami dèn songsongi | Dipati Santênan | wigya anitih kuda | pinayungan kartas kuning | tinon dipatya | Mataram tanpa tandhing ||

42. sapraptane jroning kitha ing Mataram | Jêng Sultan wus tinangkil | ing wadyabalanya | kang nglurug samya prapta | miwah Adipati Pathi | munggèng ngarsendra | angaturakên bêkti ||

43. langkung suka nala dalêm kangjêng sultan | sigra ngandika aris | Adipati Sampang | sira sun pundhut putra | Dipati Sampang ngabêkti | langkung sihira | muka konjêm ing siti ||

44. wus ginanjar dipatinira wong Sampang | miwah Dipati Pathi | sinungan kancana | pangangge lawan arta | miwah wadya ing Matawis | sami ginanjar | miwah têkèng pakathik ||

45. langkung sihe Sri Narendra mring Dipatya | Sampang pinundhut siwi | jêng sultan wus bubar | saking ing pagêlaran | kondur dhatêng dalêm puri | gya kangjêng sultan | pinêthuk dalêm manis ||

39. Dhandhanggula

1. tan kawarna ing laminya mangkin | kang kocapa Jêng Sultan Mataram | miyos tinangkil wadyandhèr | munggèng ngarsa sang prabu | wontên abdi dalêm kang nami | nênggih pun Gêniroga | wus jinunjung lungguh | ran Tumênggung Endranata | Kangjêng Sultan nulya angandika aris | mring Mangunonêng [Mangu...]

--- 172 ---

[...nonêng] agya ||

2. Mangunonêng adandana aglis | ing ayuda sira angluruga | mring Surabaya dèn age | sakèhe wadyaningsun | iya sira ingkang angirid | Mangunonêng wotsêkar | sigra budhal sampun | Ki Ngabèi Katawêngan | Dêmang Yudaprana sampun awotsari | sadaya sampun bidhal ||

3. wong Mataram wus abudhal sami | lampahira marang Surabaya | tan kawarna ing lampahe | prapta ing Japan sampun | ing Têrusan dipun pondhoki | bangawan sinangkrahan | pan sarwi binêndung | kang mili mring Surabaya | ingurugan bêbathang lan kolang-kaling | dadya wong Surabaya ||

4. nora nana toya kang binukti | singa ngombe banjur dadi lara | awatuk lara wêtênge | mantri samya arêmbug | wênèh ana kang ngajak jurit | ana ngajak têluka | ngriku sampun katur | mring Dipati Surabaya | sinewaka dening ingkang para mantri | ngabèi lawan arya ||

5. pra dipati tumênggung dipati | pêcattôndha rôngga lawan dêmang | wus samya anangkil kabèh | mapan sampun umatur | kang sapalih angajak jurit | sêparo ngajak têpang | kèmêngan tyasipun | Adipati Surabaya | wau ingkang datansah angajak jurit | lumaku ingabêna ||

6. wadya Surabaya kabèh angling | Tambakbaya maksa kumawawa | amêthukakên jurite | yèn mênanga karuhun | pêsthi unggul [unggu...]

--- 173 ---

[...l] dènira jurit | duk mêksih anèng Pajang | ing pangrasaningsun | wong mati angajak-ajak | Tambakbaya bêburone wong Matawis | pasthi agawe ala ||

7. ki dipati kèmêngan ing galih | dipun raos lêrês ingkang mojar | angajak têpunga mangke | dèn rasa ing tyasipun | nanging maksih karasèng galih | isine saya kathah | sakèh wadya kuru | labête lami tan mangan | sakathahe nênggih kang angajak jurit | samya têluk sadaya ||

8. mring Mataram samya nungkul bêkti | dadya Adipati Surabaya | awuyungan jro kalbune | ing mangke sêdyaningsun | arsa nungkul marang Matawis | lah putraningsun sira | lumakua nungkul | ingsun pan ora tumindak | putraningsun Mas Pêkik sun gawe wakil | kèringa mantrinira ||

9. para mantri samya awotsari | matur dhatêng gusti sang dipatya | pangraos kawula mangke | lah anggèr lampahipun | yèn kawula botên mungkasi | yèn suwawi lan karsa | paduka pukulun | inggih tumindak priyôngga | apanggiha lan Kangjêng Sultan Matawis | supados katrimaa ||

10. Adipati Surabaya angling | ingsun wêruh kabèh karsanira | yêkti ingsun ora sae | katêmua sang prabu | ngamungêna putrèngsun iki | Mas Pêkik wus prayoga | dadya wakil ingsun | manira srahkên Hyang Suksma | lara pati langkung karsaning Hyang Widhi | ingsun uwis pracaya ||

--- 174 ---

11. lah Urawan lumakua aglis | iringêna lakune putrèngwang | sira dadi sêratine | anggawaa wong sèwu | lan sagunge kang para mantri | bêktaa kang barana | iki surat ingsun | angsungêna mring utusan | kangjêng sultan kang baris jabaning biting | Mangunonêng wastanya ||

12. sigra budhal Rahadyan Mas Pêkik | pan ingiring wadya Surabaya | pan samya tata lakune | rajabrana pinikul | kang pikulan munggèng ing ngarsi | nênggih kinarya ruba | kang badhe anungkul | sapraptaning pabarisan | dèn sêsiwo dening wadya ing Matawis | wong Surabaya ebat ||

13. Kyai Dêmang Urawan kariyin | bêkta sêrat tan adangu prapta | anênggih barisan gêdhe | Ki Mangunonêng wau | Ki Urawan dipun panggihi | wus katur suratira | winaca ing kalbu | mangkana ijêmaning srat | lamun têluk Pangran Surabaya nanging | wakil mring putranira ||

14. Mangunonêng sigra dènira ngling | iya iku babo karsaningwang | kang sun anti salawase | nanging kuciwanipun | putranira kinarya wakil | Mangunonêng ngandika | priye ingkang rêmbug | mantri sadaya turira | môngsa borong Mangunonêng ngandika ris | gaman padha bubarna ||

15. gya Ki Dêmang Urawan wus mulih | sampun matur dhumatêng radyan mas | katarima ing lampahe | Mangunonêng winuwus | pan utusan dhatêng Matawis | angaturi uninga | Surabaya nungkul [nungku...]

--- 175 ---

[...l] | enjing wau kawarnaa | sampun bubar kabèh wadya ing Matawis | tuwin ing Surabaya ||

16. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta garêbêg samana | samya arêrêp barise | kawarnaa ing dalu | Mangunonêng lawan Ngabèi | Katawêngan rêmbagan | lan Yudapranèku | Katawêngan sigra mojar | kadospundi Dipati ing Surawèsthi | dene boya lumampah ||

17. botên eca suraosing galih | bokmanawa manahe tan lômba | kinarya bujuk putrane | Mangunonêng amuwus | yèn mangkono karsanirèki | prayoga ingutusan | lamun yêkti nungkul | lah iya age nusula | wus utusan Mangunonêng duta mantri | marang ing Surabaya ||

18. Dyan Mas Pêkik ambêktani mantri | Ki Urawan kang kinèn matura | kang sangêt mring sudarmane | utusan wus lumaku | tan winarna ngênu wus prapti | nagari Surabaya | Urawan gya matur | sampeyan gusti ngaturan | tumindaka dhumatêng nagri Matawis | sowana kangjêng sultan ||

19. adipati agupuh ing galih | wus busana kuda kinambilan | sarwi nutuh sarirane | rumaos lamun luput | datan dhahar rêmbaging mantri | môngsa yèn mangkonoa | galihe anglulun | ingsun têdha ing Hyang Suksma | kangjêng sultan ngapuraa jênêng mami | cupêt baliluningwang ||

20. sampun budhal sira Adipati | Surabaya lawan Tambakbaya | andhèrèkake [andhè...]

--- 176 ---

[...rèkake] lampahe | Ki Sanjata tan kantun | Adipati Pajang tan kèri | sigêg ingkang winarna | pabarisan agung | anganti ing Pranaraga | Adipati Surabaya sampun prapti | dhatêng ing Pranaraga ||

21. gya klêmpakan sagunging dipati | Mangunonêng lawan Katawêngan | Yudaprana sakancane | sami rêrêp nèng ngriku | nênggih nganti karsa narpati | tan antara samana | wontên duta rawuh | mundhi timbalan jêng sultan | wus kêpanggih lawan Mangunonêng aglis | pangeran kang utusan ||

22. sampun prapta nênggih Adipati | Surabaya sigra kang utusan | dhawuhkên timbalan rajèng | paduka kinèn wangsul | lawan putra dika Mas Pêkik | dhumatêng Surabaya | dhawuh kang sinuhun | mung Dipati Tambakbaya | kang pinundhut kacaosna mring Matawis | lampahe dipun inggal ||

23. lawan sakèhe kang para mantri | Surabaya pinundhut sadaya | kinèn lajênga ing mangke | putra paduka prabu | apan arsa inggih udani | mantri ing Surabaya | dipati tumungkul | datan kuwasa lênggana | ing karsane kangjêng sultan ing Matawis | Surabaya katura ||

24. nadyan pati urip ingsun iki | pan sumôngga karsane jêng sultan | datan ngraosa adarbe | tan kawarna ing ênu | Mangunonêng wus dèn timbali | mantuk marang Mataram | sakônca wus daut | sarta mantri Surabaya | myang Dipati Tambakbaya datan kari | tan kawarna ing marga ||

25. sapraptane ing Pajang anuli | Tambakbaya sigra pinêjahan [pinê...]

--- 177 ---

[...jahan] | nênggih kalangkung têguhe | tan pasah ing braja gung | ingantêban sela tanapi | datan ginawe rasa | dene pêjahipun | apan binandhulan sela | sinilêpkên ing bêngawan pêjahnèki | Mangunonêng gya mlampah ||

26. sampun prapta nagari Matawis | enjing miyos kangjêng sri narendra | pêpak wadya nangkil kabèh | kasaru praptanipun | Mangunonêng munjuk ngarsa ji | manêmbah ing suku sang | salampah wus katur | pinurwa têkèng wêkasan | panungkule Dipati ing Surawèsthi | sampun katur sadaya ||

27. myang pêjahe Ki Tambakbayèki | anèng Pajang wus katur sadaya | miwah bêstan mantri kabèh | lan boyongan wus katur | angandika sri narapati | ya sakèhing bêbandan | mantri Surèngkewuh | kabèh padha uculana | lan sakèhe bojone ulihna sami | marang ing lakinira ||

28. bêstan sampun sami dèn uculi | bojonipun pinaringkên samya | mring lakine dhewe-dhewe | ngandika sang aprabu | dene karsaningsun ing mangkin | Si Tumênggung Sêpanjang | ingkang ingsun tuduh | ngayumi wong Surabaya | amituhu sagung wadya ing Matawis | jêng sultan malih nabda ||

29. lah ta sira muliha dèn aglis | lan si paman anèng Pranaraga | ampirana dipun age | iku mèlua mantuk | mring nagara lawan si adhi | omahna jaban kutha | aja gawa batur | kang kinon anulya

--- 178 ---

budhal | sampun prapta ing Pranaraga sira glis | pangeran atut wuntat ||

30. tan kawarna ing marga wus prapti | Surabaya Tumênggung Sapanjang | angênggèni ing kuthane | pangeran ênggènipun | anèng Rêmpah saanak rabi | ênêngêna samana | kocapa Matarum | Ingkang Sinuhun Ngalaga | ari Soma jêng narpa miyos tinangkil | wus prentah jingga mudha ||

40. Durma

1. sampun miyos sri narendra pagêlaran | magêrsari marapit | lêmbing tulup pêdhang | kalawan tumbak tlêmpak | wong anyutra kanan kering | wong priyantaka | anèng ngarsa atêbih ||

2. saragêni ajajar ana ing ngarsa | gandera daludag sri | ngriku kang aseba | kapêdhak jagabaya | cakrabane kang nisihi | wadya balabar | sêsêg atumpang wêntis ||

3. Panêmbahan Purbaya nèng ngarsèng sultan | prituwin rayi-rayi | Jêng Pangeran Arya | Wiramênggala seba | myang Dipati Singasari | lan Têpasana | sadaya sami nangkil ||

4. Ki Dipati Juminah sampun sewaka | prituwin Mangkubumi | Pangran Kapugêran | lawan pangeran dêmang | ing ngriku prasamya nangkil | santana kapya | Dipati Sokawati ||

5. Dyan Dipati Balitar sampun aseba | miwah para bupati | nênggih Martasana | lan Prawirataruna | Pulangjiwa wus anangkil | Rôngga Lêlana | myang Radèn Wirasari ||

6. Sang Dipati Martapura sampun seba | prituwin Adipati | Pamênang

--- 179 ---

wus sowan | Dipati Pringgalaya | ing ngriku pan sampun maswi | lan Somayuda | Sang Dêmang Malangnakil ||

7. Ki Tumênggung Asmaradana wus sowan | myang Radèn Wirasari | Dyan Prawiradona | Rahadyan Towèngsara | Ki Tumênggung Nêbdakardi | Arya Nagara | Sang Arya Dhadhaptulis ||

8. Ki Tumênggung Jagabaya anèng ngarsa | lan Riya Mênggala di | Ki Malangsumirang | Ngabèi Nayahita | sira Panji Wirabumi | Astrawadana | Arya Panular nangkil ||

9. Ki Ngabèi Radhêgan Somasêtika | Kandhuruhan ing Wêdhi | lan Kartamanggala | lan Kyai Wiraguna | Dipati Sampang wus nangkil | lan Numbakanyar | sèwu cacahing bumi ||

10. wong bumija panumping lawan panêkar | ngriku pan sampun maswi | janma gêng sisihnya | prituwin wong asasra | punika kang samya nangkil | pan sampun pêpak | ingkang para dipati ||

11. wong Banyumas kêlawan wadya Pasundhan | tuwin bala pasisir | Cirêbon wus seba | lan Dipati Sumêdhang | Barêbês lawan wong Têgil | wadya Pamalang | Wiradesa wus maswi ||

12. wong Madiun Balega lan Pakacangan | Kaduwang Jagaragi | Pranaraga sowan | mring ngarsa kangjêng sultan | tan kawarna mantri alit | gêdhong kêparak | wêdananya winarni ||

13. Ki Tumênggung Mangunnagara têngênnya | kiwa Ki Suratani | lurah wong kêparak | nênggih Ki Nayagarwa | kaparake kang sasisih | datan kawarna | mantri kang alit-alit ||

14. priyayi gung kang

--- 180 ---

asowan anèng ngarsa | Singaranu Dipati | lawan Endranata | Tumênggung Alap-alap | Arya Môndhalika nangkil | Mangunonêngnya | kalawan Rajaniti ||

15. kangjêng sultan ngandika mring pra dipatya | apa mulane Pathi | dene nora seba | ing mêngko wus pêpakan | pasisir môncanagari | iya wus pêpak | seba mring ngarsa mami ||

16. Ki Tumênggung Endranata awotsêkar | kawula myarsa warti | Dipati Pragola | mangke arsa balika | amungsuh paduka aji | ing karsanira | ngayoni ing Matawis ||

17. pan ing mangke sampun sami asiyaga | arsa ngluruk Matawis | pan inggih nagara | ingkang êlèr punika | prasami dipun bahaki | Warung Balora | Grobogan sampun balik ||

18. namung Dêmak punika kang mêksih kêkah | prawira angawaki | Nglasêm Pajagungan | sampun têluk sadaya | Juwana dipun bahaki | mring sang dipatya | inggih Pragola Pathi ||

19. angandika kangjêng sultan ing Mataram | yèn mangkono kang warti | payo linurugan | Pangeran Purubaya | matur sintên kang tinuding | nglurugi aprang | ngandika sri bupati ||

20. inggih uwa Purbaya karsa manira | arsa tindak pribadi | inggih putra dika | adhimas ing Pragola | ing mangke arsa ngayoni | jênêng manira | milane sun tindaki ||

21. wong Mataram padha dandana ngayuda | sun budhal benjing enjing | sagung pra dipatya | samya matur sandika | jêng sultan jêngkar tinangkil | malêbèng pura |

--- 181 ---

ginarbêg para manis ||

22. kawarnaa enjing anêmbang têngara | orêk wadya Matawis | gya mêpak gêgaman | sampun pêpak sadaya | ing alun-alun abaris | blabar mring pasar | lêlurung kêbak baris ||

23. datan kêna lêlurung ngambah wong liwat | jêjêl dening kang baris | miwah kèhing kuda | pirang pandêlêng sinang | lir samodra tanpa têpi | lamun sinawang | kadya prawata agni ||

24. gêgamane wong pasisir warna-warna | ingkang binolang kuning | mamas kapurancang | ana kang ponthang pônca | saparan-paraning baris | jawining kitha | jêjêl baris wong cilik ||

25. landhehane wong Sampang ponthang-pinonthang | watang sulam nèng ngarsi | kantra rantap-rantap | tulup lêmbing candrasa | tandange samya ngajrihi | kang manah sura | age têmpuh ajurit ||

26. lah ing ngriku kangjêng sultan gya busana | nyamping bathik rêspati | lancingan rinenda | pantês rasukan tambal | apaningsêt cindhe wilis | kuluk bêrci mas | tinurut ing kêkitir ||

27. sigra miyos orêg wadya ing Mataram | gêgaman dalêm mijil | saragnine tembak | umyang kang tumbak benang | landhehan wêrgu panjalin | sinulam ing mas | gêlathik mungup asri ||

28. wong anulup lan magêrsari akapang | côndraswa tamèng tamsir | nyutra kering kanan | towok arakit kantar | rangin sikêpipun kêris | lir yangyang surat | dinulu angajrihi ||

29. kangjêng sultan parentah

--- 182 ---

nêmbang têngara | ambudhalakên baris | sigra tinêngaran | budhal baris pangarsa | kadya obah bumi gonjing | swaraning wadya | anguwuh anauri ||

30. asauran pangriking kuda lan liman | lir ombaking jaladri | lan kriciking watang | kumrêbêt kang duwajwa | dinulu kagiri-giri | lampahing wadya | lir wrêdu ôngga sasra | sajuru-juru ngèbêki | para sêntanaLebih tiga baris | ingkang lumampah wingking ||

31. tan winarna enggale ingkang carita | prapta jabaning taji | laju kang gêgaman | sigra prapta ing Pajang | wong pasisir andhingini | môncanagara | wus ngancinngancik nagri Pathi ||

32. kangjêng sultan masanggrahan anèng Pajang | wadya kang andhingini | samya angrêrayah | padesan ing Santênan | kidul gunung dèn boyongi | ingkang abôngga | prasami dèn patèni ||

33. wong padesan sama gègèr ngungsi kitha | sarwi atur udani | marang lurahira | ya ta kang kawarnaa | ngriku Ki Dipati Pathi | sawêk sineba | dening sagunging mantri ||

34. Kandhuruhan kang munggèng ngarsa dipatya | lawan Ki Sawunggaling | prituwin Sindurja | ingkang munggèng ing ngarsa | myang Raja Mênggala sami | samya pêpakan | Dipati Kulon nangkil ||

35. Dyan Tumênggung Binarong lan Mangunjaya | samya munggèng ing ngarsi | anênggih jajarnya | Ki Dêmang Tanpanaha | Ngabèi Carangdosadi | lan Arya Tôndha | myang Radèn Mêgatsari ||

36. Pêngalasan lawan Dêmang Jagataka | lawan Ki Windupati | lawan [lawa...]

--- 183 ---

[...n] Jayèngrana | tuwin Suraprameya | lawan Rôngga Surèngpati | mantri sêdaya | andêl-andêling Pathi ||

37. Surataka lawan Dêmang Martalaya | Ngabèi Jayèngpati | lan Wirabramantya | lan Rôngga Martahita | lan Ki Rôngga Kartapati | Astrawijaya | samya andêling jurit ||

38. angandika Pangran Dipati Santênan | mring sagung para mantri | ya ta kawarnaa | kang dadya gègèr jaba | kajinêman matur aglis | inggih kawula | angaturi upêksi ||

39. pan dêdamêl Matawis sampun aprapta | têpis wiring ing Pathi | lêbur padhusunan | jinarah binahakan | kang bôngga dipun pêjahi | ingkang kacandhak | prasamya dèn boyongi ||

40. angandika prajurit Mataram sapa | kang dadya senapati | Kandhuruhan nêmbah | rakanta kangjêng sultan | ingkang tumindak pribadi | wadya balabar | agêng kang ponang baris ||

41. prajurite gusti kinêrig sadaya | miwah wadya pasisir | lan môncanagara | samya dhèrèk sadaya | suka Adipati Pathi | sokur kakang mas | sun papage pribadi ||

42. lah sakèhe para santana prawira | sira padha sun tari | ya sak sukanira | padha sun jak palastra | aja na kang nguciwani | yèn têkèng têmah | kabèh padha sun kanthi ||