Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 41-47)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 01-10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  2. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 11-14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  3. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 15-19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  4. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 20-24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  5. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 25-32). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  6. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 33-40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  7. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 41-47). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  8. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 48-57). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
Image

41. Kinanthi

1. sakathahe sanak ingsun | sun jaluki lamun sami | sagunging kang pra dipatya | aja na kang nguciwani | ing manah padha dèn rêna | ja na mandhêk tomolihKurang satu suku kata: ja na amandhêk tomolih ||

2. Kandhuruhan matur [ma...]

--- 184 ---

[...tur] nuwun | dhuh gusti sang adipati | kang mangkana jêng paduka | akathah-kathah dènnya ngling | dhumatêng abdi sadaya | kadi tan darbea bêcik ||

3. paduka sih mring wadya gung | ulun dèrèng ambalêsi | amung pêjah gêsang amba | katura dhumatêng gusti | yèn sultan praptèng antaka | kawula tan kantun gusti ||

4. panuwun amba pukulun | gusti sampun tumut jurit | didalêm pyambak mêthuk prang | yèn amba sampun ngêmasi | sakarsa dalêm sumôngga | ulun malês sih rumiyin ||

5. Dyan SawunggalihSawunggaling umatur | prasêtya amba ta gusti | yèn paduka nanggulanga | abdinta ngamuk rumiyin | yèn benjang amba wus pêjah | sakarsa tuwan kang kèri ||

6. ananging panuwun ulun | gih sampun ngabdi lyan malih | dunya kerat gusti amba | panggiha lan paduka ji | sampun liya kang parentah | ngamungna sultan ing Pathi ||

7. Arya Sindurja umatur | panuwun kawula gusti | sampun liya jêng paduka | angabdèkna marang mami | yèn tuwan nêmahi lena | sagotrah amba tan kèri ||

8. Ki Rajamanggala matur | yèn paduka mapag jurit | môngsa kawula kantuna | ngrabasèng prang wong Matawis | didalêm nèng pabaratan | sampun ngantos mantuk urip ||

9. Tumênggung Tohpati matur | wong punapa sêdya urip | gih jêng gusti tumut aprang | yèn amba pêpekèng kardi | tan pantês sinungan buktya | patut bujanana tai ||

10. Binarong asru amuwus | lamuna wong lir puniki |

--- 185 ---

eman-eman kang wanita | puniku dipun rêsmèni | pantês majangana kuda | lan jinodhokna nganjingKurang satu suku kata: lan jinodhokêna nganjing ||

11. Sultan Pathi ngandika rum | manira tarima sami | kang mêtu sih sêtyanira | muga Hyang Widi nêtêpi | Dipati Pathi ngandika | mring wong jro pingitan sami ||

12. amundhut inuman anggur | sampanyê janèwêr brèndhi | wusdene busana pisan | kêncana kêlawan picis | tuwin konyoh gônda wida | myang sumpinge wus cumawis ||

13. kang kinèn gya nêmbah mundur | tan dangu nulya glis prapti | Jêng Sultan Pathi ngandika | dhumatêng pingitan sami | padha sira borèhana | myang sumping êtrapna sami ||

14. kang anayub samya wuru | kathah sanggupe mring gusti | sawênèh ana angucap | panuwun kawula benjing | yèn sampun têmpuhing aprang | kawula ngamuk rumiyin ||

15. arsa mangsuli sihipun | ing gusti pangran dipati | wutahe swanida kula | lan tigase jôngga mami | sun karya malês paduka | ing pasihane jêng gusti ||

16. satus trubus kula besuk | tan lyan kang dèn kwulaniKurang satu suku kata: tan lyan kang dèn kawulani | ngamungna Sultan Santênan | tan lyan kawula andasih | sawênèh ngucap mangkana | nging panuwun kula benjing ||

17. anjanmaa kaping sèwu | mung sêdyarsa kula ngabdi | gusti dhatêng jêng dipatya | tan sagêd nyuwita malih | pami benjang têmpuh ing prang | yun sêdya barêng ngêmasi ||

18. Dipati Pragola muwus | tarima manira sami | kabèh isih pêkênira | kang tumiba marang mami | lir tigan [ti...]

--- 186 ---

[...gan] sapatarangan | rêmuk siji ja na kèri ||

19. manira barênga lampus | lawan sanak para mantri | kabèh aja na sulaya | barêng lena lawan mami | angamuk wong ing Mataram | pirabara lamun urip ||

20. nanging ta pangrasaningsun | iya mungsuh kakang aji | kaya lamun ora nôngga | pantês sun nêmahi pati | kaya ngapa yèn mundura | pan wus karsaning Hyang Widi ||

21. sakathahe sanak ingsun | padha amêpaka baris | ing benjang sira tataa | ing benjang sira kang enjing | wus sami sinung basanabusana | sakathahe pra dipati ||

22. prajurit warata sampun | sinungan busana adi | rasukan mawarna-warna | bêbêntinge cindhe wilis | dipati kondur sinewa | lumêbêt ing dalêm puri ||

23. kang garwa samya amêthuk | dhumatêng sultan ing Pathi | wus cundhuk munggèng plataran | garwa kinanthi dipati | praptèng dalêm tata lênggah | ingêlus sinoming swami ||

42. Sinom

1. kagyat pra garwa tumingal | dipati sêmunya wingit | kèndêl datan angandika | ingkang garwa matur aris | kawula nuwun gusti | kang dadya sêngkêl sang prabu | paduka tan ngandika | punapa duka mring mami | pan cèthine suka dipun pêjahana ||

2. Sultan Pathi angandika | wruhanira nimas gusti | ingsun arsa apêpoyan | iya marang sira yayi | mas mirah ingsun pamit | mring sira sun arsa mêthuk | yudane kakang êmas | kangjêng sultan ing Matawis [Matawi...]

--- 187 ---

[...s] | sakathahe pra garwèngsun amêmêkas ||

3. ing benjang sapungkur ingwang | dèn bisa sira mas gusti | ngawula marang Mataram | kalawan malih sun titip | putranira sawiji | lanang iku kawlasayun | durung wruh ing wibawa | iya rasaning kamuktin | poma-poma sira dèn bisa ngawula ||

4. lah ta yayi wruhanira | lamun ingsun sida jurit | kalawan kangmas jêng sultan | wus pêsthiningsun ngêmasi | kang garwa samya anjrit | tangise umyang gumuruh | sêsambat mêlasarsa | yèn kenging paduka gusti | asowana bêkti mring raka paduka ||

5. gih sampun tamtu mêthuk prang | ing rakanta sri bupati | paduka nuwun ngapura | ngandika sultan ing Pathi | wus pinasthi Hyang Widi | ingsun kinarsakkên lêbur | dening wadya Mataram | ingsun ingkang amungkasi | awibawa anèng nagara Santênan ||

6. putranira Radèn Rôngga | iku nora anggêntèni | uripe apirabara | kang garwa asru deranjrit | sambat amêlasasih | wong dalêm tangis kumrumpyung | sinigêg kang karuna | ya ta kawarnaa enjing | ki dipati tan gingsir samayanira ||

7. Pangran Dipati Pragola | pan wus siram jamas brêsih | nulya sigra anggêgônda | jêjêbadan marbuk wangi | sampunira anuli | angrasuk busananipun | nyamping samboja sêkar | paningsêt cawêni putih | arasukan krêsna rinenda kêncana ||

8. pamêkak cindhe puspita | curiga wrôngka tinulis | sawat pinarada ing mas |

--- 188 ---

alandhehan tunggak sêmi | katga aparungsari | jigja ika tangguhipun | nyuriga dhuwung tiga | kang satunggil tangguh Tubin | dhapuripun parung sangklat cinarita ||

9. curiga ingkang satunggal | Ki Kêling ingkang anggitik | dhapure inggih sumpana | katiga sampun winangking | lancinganira abrit | rinenda pinggiranipun | lan mawi têratean | samya rinenda kêkitir | tiningalan rênyêp-rênyêp kadya lintang ||

10. ajamang mas kinatipa | têbah jaja anting-anting | kêlatbau agêgêlang | bêbadhonge wus rinakit | myang êmêr binuka sri | busana cahyane murub | warnanira dipatya | lir krêsna lagya prang tandhing | nitih kuda anèng têngahing payudan ||

11. prajurit wus tata aglar | anganti wiyosing gusti | gêgaman pêpak sadaya | warnane lir gunung gêni | gandera warni-warni | ana rêkta ana wungu | ana kang kadya teja | watang sinulam jininggring | kang sawênèh benange kinapurancang ||

12. Narendra Pathi samana | tumulya tindak umijil | ingiring dening pra garwa | sadaya sami prihatin | samya atawan tangis | sadaya wus kinèn wangsul | wiwara kang kapisan | kang garwa samya anangis | Nata Pathi karasèng kapanggih wuntat ||

43. Pangkur

1. wus miyos sang adipatya | orêk kabèh wadya nagri ing Pathi |

--- 189 ---

gêgaman dalêm wus mêtu | asri têngaranira | umbul-umbul pare anom tuhu bagus | lêlayu lawan bandera | yèn tinon lir arga api ||

2. lêlurahira kapêdhak | wastanira nênggih Ki Cakrakrêti | Cakrayuda sisihipun | kang aran Prayahita | anglurahi saragêni têngênipun | kang kiwa Ki Prayanôngga | kalihe sami prajurit ||

3. wong angrangin lurahira | Jayèngsari lawan Sang Jayèngrêsmi | kang magêrsari angêpung | kabèh samya prayitna | adipati parentah têngara gupuh | ambudhalakên gêgaman | sêdaya samya lumaris ||

4. gêgaman budhal sêdaya | tiningalan tuhu lamun ngajrihi | prajurit panganggènipun | sami awarna-warna | kang sawênèh ana kang kulambi bludru | rinenda bangkol satêbah | wênèh ingkang sora-sari ||

5. sawênèh kulambi abang | dhasaripun inggih sangkêlat abrit | sawênèh sangkêlat wungu | ana ingkang kaleja | kang sawênèh tinêpi rasukanipun | ingkang ambêkta gêgaman | rasukan sangkêlat abrit ||

6. ingkang kinèn têngga pura | mantri catur iku samya prajurit | Sultan Pathi wus lumaku | ginarbêg ing gêgaman | warnanira dinulu kalangkung bagus | magêrsarine akapang | prasamya angati-ati ||

7. wus prapta jabaning kutha | sigra tata sakathahing prajurit | wus akarya tarup agung |

--- 190 ---

pirantining kasukan | myang rêmbagan ing ngriku pan ênggènipun | mila wadya ing Santênan | sanggupira tan gumingsir ||

8. lah ing ngriku ri saksana | kang kocapa jêng sultan ing Matawis | sineba wadya sadarum | ngriku nèng pasanggrahan | sampun katur gêgaman Pathi wus maju | kangjêng sultan angandika | mring sagunging pra bupati ||

9. lah iya sira tataa | ingkang anèng pêngawat kanan kering | Ki Tumênggung Singaranu | iku ta karsaningwang | sakathahe iya ing têngaranipun | sira dadia gunungan | lan ngirida wong Matawis ||

10. dene ingsun kang nèng wuntat | dikapering iya kang ingsun kanthi | sakèhe kapêthak ingsun | dene para santana | aywa têbih barise kalawan ingsun | lan pathapadha dipun prayitna | mungsuhira anêkani ||

11. lawan sira Endranata | nindhihana gêgaman ing pasisir | anèng kiwa prênahipun | palastha prentah nata | pra bupati anata gêgamanipun | wus samya wawang-winawang | Pathi kalawan Matawis ||

12. Singaranu kang nèng têngah | anindhihi pêngkêran sri bupati | gamanira angêndhanu | têpung lan Endranata | anèng kiwa gêgaman pasisir iku | samya bupati tindhih prang | miwah mantri ing Matawis ||

13. sagunging para sêntana | anèng têngên cêlak sri narapati | prênahira anèng lindhuk | kalingan pagêr jarak | lah ing ngriku Kangjêng Sultan kang winuwus | kocapa sang adipatya |

--- 191 ---

ing Pathi anata baris ||

14. pinarak anèng têratag | sagung ingkang prawira sami nangkil | Sultan Pragola amuwus | marang Ki Kandhuruhan | ngêndi gone kakang mas gêgamanipun | punika ingkang sun arah | prêmanakna kang sayêkti ||

15. panêdhèngsun mring Hyang Suksma | aja liya lawan ingsun ajurit | lamun dudu kaka prabu | pan ingsun ora lila | patiningsun muga anèng ngarsanipun | kangmas Jêng Sultan Mataram | arsa sun tandhing kuwanin ||

16. Sawunggaling awotsêkar | pan kawula sampun utusan nitik | dhumatêng gêgamanipun | raka paduka sultan | munggèng têngên ing pagunungan watu gung | têngêran gula kalapa | panggènanira sang aji ||

17. Dipati Pragola nabda | yèn mêngkono têngêre dèn titèni | lah payo barêng anêmpuh | aywa na kang ngucira | sêdyaningsun wong Pathi barênga lêbur | sigra muni kang têngara | gêgaman sampun miranti ||

18. tatkalane ôndrawina | langkung rame dènnya larih-linarih | sadaya prasamya wuru | sanggupipun daladag | apan sami prajangji barênga lêbur | aywa ana ingkang cidra | prajangji barêng ngêmasi ||

19. Kandhuruhan awotsêkar | inggih gusti kula aprang rumiyin | yèn kawula sampun lampus | inggih gusti sakarsa | Sawunggaling asru dènira umatur | dhuh gusti atur kawula | paduka kèndêl rumiyin ||

20. Dipati Pragola nabda | sun tarima

--- 192 ---

sihira marang mami | lah iya panêdyaningsun | barêng lena myang gêsang | wadya Pathi kabèh barênga alêbur | ingsun pan ora sulaya | barênga alêbu gêni ||

21. lah ta sira têngaraa | payo mangkat padha ngantêpa jurit | sigra atêngara gupuh | bêdhilnya asauran | gong maguru swaranira kumarumpyung | prajurit samya abudhal | untaping bala ngajrihi ||

22. Kandhuruhan anèng ngarsa | tan atêbih kalawan Sawunggaling | wong Mataram yitna sampun | umyang ingkang têngara | wadya Pathi arêmpêk samya anêmpuh | swaraning surak lir gêlap | kadya bêlah bumi gonjing ||

23. pangamuke wong Santênan | golong pipit têngên kang dèn êbyuki | wong pasisir kang dèn têmpuh | ngriku ingkang nèng kiwa | Endranata kalawan sawadyanipun | Sawunggaling anarajang | angêmbat watang ngajrihi ||

24. pan sarwi asumbar-sumbar | wong Mataram lah kêmbulana mami | manawa ta sira tambuh | ingsun aran Ki Arya | Sawunggaling prajurit Pathi dibya nung | lah ta mara kêmbulana | aja mundur padha bêcik ||

44. Durma

1. Kandhuruhan sigra mangsah sarwi ngucap | aja na nguciwani | pring sadhapur kônca | êndhog sapatarangan | aja na gingsiring ati | barêng arêmak | aywa mundur sanyari ||

2. parêng mara pangamuke wong Santênan | sampun campuh kang jurit |

--- 193 ---

surak lir ampuhan | têtêg munya sauran | kumarutug ingkang bêdhil | campuhing yuda | kadi ngrubuhna langit ||

3. asauran swaraning kang kalataka | wor pangriking turanggi | swarane lir gêlap | sarta kukus sundawa | apêtêng lir têngah wêngi | ramening yuda | sami rok silih-ungkih ||

4. pêtêng dhêdhêt kukuse ingkang sundawa | tumbak ganjur myang biring | dene tamèng pêdhang | prajurit ing Santênan | solahe lir banthèng kanin | pating galidrah | anigas angidêgi ||

5. wong pasisir tinarajang samya bubar | datan amôngga pulih | prajurit kèh pêjah | tatanira wus bubrah | sira Arya Sawunggaling | pangamukira | sampun nêngah kang baris ||

6. Ki Tumênggung Endranata atumingal | pangamuke wong Pathi | pan saya manêngah | kadi yêksa agalak | bature kang dèn tolihKurang satu suku kata: bature ingkang dèn tolih | Ki Endranata | bokonge koplak-kaplik ||

7. Ki Tumênggung Endranata wus lumajar | sarya amalik klambi | ki arya uninga | maksih binujung sira | Endranata wus andhêlik | atilar kuda | awor lawan pêkathik ||

8. sirna larut wadya pasisir sadaya | lumayu ngungsi urip | nanging tan atêbah | sigra wadya Santênan | amingêr pangamuknèki | wadya Mataram | sami angati-ati ||

9. sampun campuh prajurite ing Santênan | lan prajurit Matawis | tan ana kasoran | samya sudiranira | tan [ta...]

--- 194 ---

[...n] ana kasoran | sami sudiraniraLebih dua baris | tan ana anguciwani | ramening surak | awor swaraning bêdhil ||

10. kadi ombaking samodra nêmpuh parang | saking ramening jurit | kasêsêr kang wadya | dene Nayamênggala | arukêt luhur turanggi | lan wong Mataram | rame kêris-kinêris ||

11. ting calêprot sarêng niba saking kuda | sampyuh barêng ngêmasi | Ki Surabrêmantya | aprang lan Jagabaya | arame ungkih-ingungkih | surak ampuhan | panumbake anitir ||

12. Ki Tumênggung Jagabaya sigra numbak | Surabrêmantya nangkis | nanging kabêranan | kêna gulu iringnya | aniba anuli mati | suraking bala | kadi karêngèng langit ||

13. Jayèngrana aprang lawan Martalaya | sami sudirèng galih | atumbak-tinumbak | tandya anyandhak asta | prasamya anarik kêris | pêrang-pinêrang | suduk-sinuduk sami ||

14. Jayèngrana sinuduk jajanya bêngkah | niba anuli mati | Radèn Kandhuruhan | nêmpuh sawadyanira | campuh lan môncanagari | sami suranya | langkung rame kang jurit ||

15. tan adangu dhadhal wong môncanagara | tan ana môngga pulih | Radèn Kandhuruhan | sampun ayun-ayunan | kalawan Ki Rajaniti | têmpuhing yuda | lir rug ingkang pratiwi ||

16. pan kasêsêr wadyane Ki Kandhuruhan | anulya angawaki | Radèn Kandhuruhan | majêng angêmbat watang | asumbar-sumbar ngajrihi | sampun pinapag [pinapa...]

--- 195 ---

[...g] | marang Ki Rajaniti ||

17. Rajaniti asru ing panumbakira | Kandhuruhan atangkis | dhuwung watangira | sigra pan linarihan | jajane Ki Rajaniti | têrus naratas | surak wadya ing Pathi ||

18. Mangunonêng tumingal putrane pêjah | kudane dèn camêthi | kulup putraningwang | ingsun belani pêjah | duruhdurung wruh rasaning mukti | hèh Kandhuruhan | dèn kapara ing ngarsi ||

19. gya tinumbak Kandhuruhan kapalêsat | tiba saking turanggi | kuwalik barangkang | nanging datan tumama | pangantêpira nglarihi | Dyan Kandhuruhan | arsa malês nglarihi ||

20. Mangunonêng tinumbak jajanya bêngkah | tiba anuli mati | sigra Kandhuruhan | kudane tinumpakan | cinamêthi ngêntrag nyirig | angikal watang | sêsumbar angajrihi ||

21. lah rêbutên ya ingsun Dyan Kandhuruhan | ipe sultan ing Pathi | Pragola Santênan | lah payo kêmbulana | hèh kene arêbut urip | padha prawira | ingsun kroyokên jurit ||

22. Kartajaya aprang lawan Yudabôngsa | rame ungkih-ingungkih | gya tumbak-tinumbak | Kartajaya tinumbak | dhadhanya tinitir-titir | bêngkah satêbah | niba sigra ngêmasi ||

23. Sultan Pathi ningali sagunging bala | mantrine akèh lalis | gya wau umangsah | ngabani gunging wadya | kudane wus dèn camêthi | namaning kuda | nênggih pun layar warih ||

24. tinumpakan turôngga ngêntrag mêndhapan | wau sultan ing Pathi | pinêlêng kang karsa [kar...]

--- 196 ---

[...sa] | Adipati Pragola | namung sultan ing Matawis | kang tinêngêran | pinêlêng jroning galih ||

25. sampun campuh wadya Pathi lan Mataram | angêdrèl wadya Pathi | barung lawan surak | kadya tangkêp ngakasa | mandhala agonjang-ganjing | Sultan Santênan | sukanira tan sipi ||

26. gya kinêtab turôngga sarêng angêrab | yitna wadya Matawis | sultan ing Santênan | ngênêr dènnya narajang | prajurite angawaki | wadya Mataram | rêmpêk sarêng nadhahi ||

27. langkung rame Mataram kathah kang pêjah | tan ana môngga pulih | wadya ing Santênan | polahe lir andaka | kadya banthèng tawan kanin | numbak anigas | nuduk nyepak ngakahi ||

28. ramening prang lir ombak anêmpuh parang | tuwin swaraning bêdhil | gong maguru gôngsa | têtêg kaya butula | suraknya awanti-wanti | Sultan Santênan | sêdya alêbu gêni ||

29. Dyan Tumênggung Singaranu pan kesisan | balanya sirna ênting | lumajar sadaya | Singaranu tinunjang | dhumatêng prajurid Pathi | Sang Adipatya | Pragola angawaki ||

30. pangamuke Sang Adipati Santênan | liwung tan na katolih | mung Sultan Mataram | ingupaya prênahnya | adangu datan kapanggih | sang adipatya | cuwanira tan sipi ||

31. wong Mataram tinarajang bubar-bubar | kocapa sri bupati | sigra atêngara | nabuh kiyai bicak |

--- 197 ---

wali-wali datan muni | sinuhun sultan | kêkêpuh dèn sungkêmi ||

32. gya anêkung Kangjêng Sultan mring Hyang Suksma | angèsthi mring Hyang Widhi | nêgês karsaning Hyang | tan ana kang katingal | namung ingkang karya urip | ingkang cinipta | wus tinarimèng Widhi ||

33. nulya wungu ki bicak sigra tinêmbang | kadya munya nèng langit | swaranya kumramprang | ngungkung anèng ing tawang | santana angingêr baris | sarêng umangsah | ngalingi sri bupati ||

34. Pangran Adipati Pragola umiyat | lamun ki bicak muni | gya angingêr kuda | asru dènnya ngandika | lah sakèhe wong ing Pathi | ika ki bicak | swaraning kang cumêngkling ||

35. wus katingal pra santana ing Mataram | samya anata baris | sultan ing Santênan | ngabani kèhing wadya | namung ingkang prajuritKurang satu suku kata: namung ingkang pra prajurit | bala Santênan | kang alit-alit mati ||

36. pra prawira samya anyamêthi kuda | samya alêbu api | santana Mataram | sampun samya prayitna | prasamya sêdya ngawaki | pan sarêng mangsah | kudane dèn camêthi ||

37. sarêng mangsah pra santana ing Mataram | wadya Pathi ningali | sagunging prawira | sarêng anyabêt kuda | prasamya anyandêr wani | sarêng narajang | anêmpuh wong Matawis ||

38. kang umangsah prajurid Pathi wastanya | Rahadèn Wirasêkti | sampun nitih kuda | majêng angêmbat watang | kapêthuk samya prajurit | wira Mataram | rame ungkih-ingungkih ||

--- 198 ---

39. wong Mataram Radèn Prawirataruna | rowangira ajurit | Wirasêkti numbak | mring Prawirataruna | panumbake pan katangkis | winalês sigra | kêna jôngga kang iring ||

40. tan ngopoa tatune tiba sing kuda | tan dangu gya ngêmasi | wontên kadangira | Rahadèn Wirasraya | tumingal kang rayi lalis | nyamêthi kuda | watang pinandhe aglis ||

41. dhapuripun anênggih biring lanangan | pucuk murub lir gêni | sumbar nantang mêngsah | lah prajurit Mataram | aywa na mundur sanyari | ingsun myang sira | payo padha wong bêcik ||

42. wus atêmpuh kang yuda tumbak-tinumbak | Prawirataruna nangkisLebih satu suku kata: Prawiratruna nangkis | nanging kadhiradhag | tan kandhêg panumbaknya | kêkêpuh tugêl kapalih | têkèng sarira | ananging dèn inggati ||

43. pangrasane kêkêpuh kaya butula | sigra malês nglarihi | Ki Wirasaraya | tinumbak jangganira | amalêsat saking wajik | tiba kalumah | maksih dèn titir-titir ||

44. nênggih Wirasaraya sampun apêjah | Ki Tumênggung Tohpati | anulungi sigra | nyamêthi kang turôngga | Pangeran Amangkubumi | sampun miyarsa | kudane dèn camêthi ||

45. wus atêmpuh lawung atumbak-tinumbak | watang putung marêngi | nulya rukêt asta | samya candhak-cinandhak | asarêng angunus kêris | acaruk katga | anuduk gênti kêris ||

46. wus tumurun kalihira saking kuda | rame kêris-kinêris | samya têguhira [têguhi...]

--- 199 ---

[...ra] | dhuwung tan na tumama | sarêng rêmpu katga kalih | arukêt ing prang | gênti banting-binanting ||

47. pan kalindhih Jêng Pangeran Mangkubumya | rumaos lamun kontit | anyandhak gantangan | Ki Tohpati anjola | anulya sigra binanting | gya tinunggangan | Tohpati asru angling ||

48. hèh carobo wong Mataram juritira | Pangeran Mangkubumi | aris saurira | wong padha nèng paprangan | iya êndi ingkang urip | Kyai Tohpatya | pan maksih dèn tunggangi ||

49. Ki Tohpati binêthot konthole pêjah | Sindurja kang winarni | wus ayun-ayunan | lan Pangran Kapugêran | arame asilih-ungkih | samya prakoswa | tan ana kang kalindhih ||

50. wong Mataram suraknya lir gêlap sasra | kadya ngrubuhna langit | Kiyai Sindurja | ngantêp panumbakira | Pangeran Pugêr tan gingsir | putung kang watang | pangran sigra marpêki ||

51. sarwi narik dhuwunge sang adipatya | anulya dèn larihi | kêna jajanira | Sindurêja aniba | datan kosikongsi kaping kalih | Sindurja lena | surak wadya Matawis ||

45. Sinom

1. Kandhuruhan majêng rana | nguwuh sumbar angajrihi | ing kene rêbutên ingwang | aja na kang nguciwani | lah padha rêbut pati | dipun tanggon ja na mundur | padha asura mrata | ingsun Kandhuruhan Pathi | kang sudibya prajurid datanpa sama ||

2. sarwi angêntrakkên kuda |

--- 200 ---

angêmbat watang kumitir | nêmpuh baris ing Mataram | tan ana wani nglawani | singa katrajang gusis | ingkang maju-maju lampus | tan na môngga puliha | samya ngungsi marang gusti | dèn sêsiwo dening wadya ing Mataram ||

3. Panêmbahan Purubaya | mulat wong Mataram gusis | buyar tan kêna tinata | Panêmbahan langkung runtik | sigra nitih turanggi | tanpa gêgaman mung dhuwung | amapag Kandhuruhan | Panêmbahan pan wus panggih | anèng rana pan sampun ayun-ayunan ||

4. Panêmbahan lon ngandika | Kandhuruhan sira mangkin | iya dèn age mundura | eman rupamu nom pêkik | manawa sira mati | tuwas apa sira iku | akulita dêmbaga | sanadyan balunga wêsi | nora nôngga ing yudane wong Mataram ||

5. Kandhuruhan aris mojar | sarwi molahkên turanggi | dene eman Kandhuruhan | wus sinêbut jayèng jurit | yèn mundura prang tandhing | amungsuh mring wong Matarum | mendah ucaping lyanKurang satu suku kata: mendah ucaping liyan | Kandhuruhan wêdi mati | Panêmbahan kula turi gumingsira ||

6. sampun sêpuh gih paduka | tan ngowêl kang kari-kari | kantun pintên wong Mataram | Panêmbahan tyasnya runtik | pa sira kudu luwih | baya sira arêp lampus | arsa lawan Jayèngprang | marang prajurit Matawis | lamun sisip pêsthi sira mulih aran ||

7. bramantya Ki Kandhuruhan | sugal [su...]

--- 201 ---

[...gal] dènnya nabda bêngis | baya wong ing alam dunya | nora nana wong kang sêkti | mung Purbaya Matawis | pangrasanirèng tyas ingsun | kaya pan durung ulap | sun arsa coba rumiyin | panumbake Jayèngprang iya Purbaya ||

8. lah ta payo Purubaya | numbaka ingsun tadhahi | Pangran Purbaya ngandika | apan dudu watak mami | aprang mêrjaya dhingin | sira numbaka karuhun | sun arsa ngicipana | panumbake wong ing Pathi | eman têmên Puruba yèn oncataKurang satu suku kata: eman têmên Purubaya yèn oncata ||

9. Kandhuruhan gya bêrmantya | sigra angêtat turanggi | narajang sigra anumbak | Panêmbahan tan gumingsir | tumêmpuh waosnya glis | tumiba ing jaja murub | Panêmbahan ngandika | sun sêngguh amiyatani | panumbake prajurite wong Santênan ||

10. Kandhuruhan asru ngucap | nora nacat wong Matawis | têguh kaprawiranira | nanging cacade sathithik | nora lana ing kapti | mawa kêre têguhipun | Panêmbahan bramantya | rasukan biniyak aglis | tanpa arah kancing rantas ting salêbar ||

11. Kandhuruhan awasêna | ciplosmu atêsmak dhingklik | mara iki wis angegla | yèn sira sumilang ati | Kandhuruhan sira glis | sigra anglarihi gupuh | wali-wali tan pasah | panumbakira anitir | Panêmbahan Purbaya akras ngandika ||

12. hèh ta setan Kandhuruhan | panumbake cara Bugis | eman lara tanganira | sarwi mèsêm [mè...]

--- 202 ---

[...sêm] dènira ngling | usapana dèn bêrsih | iya pucuking tumbakmu | mênèk kuthah ludira | eman-eman sira pandhi | yèn pasaha Purbaya angur matia ||

13. wau Radèn Kandhuruhan | bramantya anarik kêris | saksana sigra narajang | anyuduk anitir-nitir | Panêmbahan tan gumingsirLebih satu suku kata: Panêmbahan tan gingsir | Kandhuruhan asru muwus | lah payo amalêsa | anyuduka sun tadhahi | Panêmbahan sigra anarik curiga ||

14. saksana sigra narajang | Kandhuruhan dèn larihi | mèntèr tumiba ing dhadha | Kandhuruhan tan abusik | Panêmbahan ngrudatin | anèng paprangan anêkung | anêgês karsaning Hyang | ingkang cinipta ing galih | gampangêna ing patine Kandhuruhan ||

15. tinarima ing Hyang Suksma | Panêmbahan Purbaya glis | sigra anarik curiga | dhuwung kang wasta ki panji | sigra dènnya ngajoni | Kandhuruhan gya sinuduk | jajanira tan pasah | aniba saking turanggi | kapisanan kang wadya mundur sadaya ||

46. Durma

1. Kandhuruhan samana sampun apêjah | sigra tumênggung aglis | Kulon nêmpuh ing prang | tandya lajêng anumbak | kanan kering dèn kêmbuli | warastra patah | pangeran gya nglarihi ||

2. Ki Tumênggung Kulon pan sampun winatang | jaja bêncah trus gigir | ing ngriku wus lena | surak gêr asauran | wong Mataram aningali | Pangran Purbaya | kinrubut ing ajurit ||

3. kang lumayu prasamya wangsul sadaya | samya

--- 203 ---

apulih gêtih | suraknya gumêrah | kumlap sagung gêgaman | wong Pathi tan nêdya gingsir | kinalang-kalang | sampun kathah kang lalis ||

4. Sawunggaling pangamuke lir sardula | pindha wagra angêlih | kinarubut ing prang | prituwin wong Mataram | singa kang tinêbak gusis | sinosok kathah | tan dangu kuda mati ||

5. dhawah saking kuda gya narik curiga | dharat angamuk wani | kang tinrajang bubar | Pangeran Purubaya | myarsa lamun Sawunggaling | kang majêng rana | ing tyas pan datan wigih ||

6. dhuwungira ki panji sampun liniga | wus momor lan wong cilik | sigra Kyai Arya | Sawunggaling narajang | dan enggal dènnya nampèni | saking ngiringan | niba Ki Sawunggaling ||

7. sakalangkung tan emut purwa duksina | gya dipun byuki aglis | mring wadya Mataram | tan dangu gya binasta | wong Pathi sagung kang uning | Rajamênggala | sêdyarsa anulungi ||

8. anarajang Rajamanggala nêngah prang | pangeran wus udani | sampun pinarpêkan | Rajamanggala tandya | panumbake wanti-wanti | tikêl tatanya | pangeran glis nglarihi ||

9. jajanira têrus marang ing walikat | niba tan suwe mati | ing ngriku Dipatya | Pragola ing Santênan | umyat lamun wonge gusis | pangamukira | lir bandhèngbanthèng tawan kanin ||

10. abdi dalêm kapêdhak myang kajinêman | sampun kathah kang lalis |

--- 204 ---

watara kang gêsang | mung kantun catur dasa | punika wadya sinêlir | bala Mataram | buyar tinêmpuh gusis ||

11. saya wuru kangjêng sultan ing Santênan | lir Ôngkawijaya di | duk rinêbut ing prang | mring Kurawa Ngastina | binendrong ing kanan kering | myang kalantaka | wusdene ngarsa wuri ||

12. kang pinêlêng ing cipta Sultan Pragola | amung kangjêng sri mulki | nalika samana | dangu dènnya ngupaya | adipati tandya uning | mring kangjêng sultan | kudane dèn camêthi ||

13. kangjêng sultan anitih kuda bêndana | pun wagugên wastaning | krêsna pan anjana | abdi dalêm sumêlang | dhuh gusti paduka salin | kuda bêndana | pun wagugên gih gusti ||

14. aturira wali-wali tan pinirsa | pan kantos kaping kadwi | kaping tri aturnya | jêng sultan gya ngandika | môngsa sêdyaa gumingsir | wus karsaning Hyang | yèn wis tinêkdir lalis ||

15. yèn rinusak dening Hyang sapa kang malang | lamun rinêksèng Widhi | sapa bisa ngrusak | ki bicak gya tinêmbang | swara ngungkung nèng wiyati | wadya samyegarsamyenggar | tan ana ajrih pati ||

16. Nayadarma kapêdhak bêkta ampilan | waose sri bupati | ki barutalingan | ingampil Nayadarma | marang ngarsa wus miranti | wadya kêparak | sami arêbut dhingin ||

17. Adipati Santênan kinadhang-kadhang | wus pêrak sri bupati | sigra anêrajang | kapêdhak [ka...]

--- 205 ---

[...pêdhak] Nayadarma | prasamya angati-ati | wus tinadhahan | sira Dipati Pathi ||

18. kinarutuk kudanira sampun pêjah | ajlog sang adipati | anarik curiga | sigra Ki Nayadarma | prênah ing rana kapering | sigra anumbak | mring Adipati Pathi ||

19. lambungira pasah Dipati Santênan | dhasar wus sayah inggih | anulya aniba | dipati wus pralaya | kinarubut wong Matawis | asalang-tunjang | kêdah arsa natoni ||

20. apan sampun katur marang kangjêng sultan | adipati ngêmasi | kinèn ambêktaa | mring ngajêngan jêng sultan | sigra di dalêm Matawis | samya agêpah | dhatêng prênahing jisim ||

21. Mangunjaya umiyat gustine seda | ngrêbad datan kuwawi | anulya lumajar | mantuk dhatêng Santênan | sêdyane ngukup kang rayi | kang kawarnaa | wau kang mundhut jisim ||

22. wong kapêdhak samya kewuhan sadaya | arsa pinundhi-pundhi | satrune jêng sultan | arsa dipun sèrèda | santana dalêm narpati | dadya kewuhan | wontên wong tuwa siji ||

23. aris mojar puniki karêp manira | mustakane pinundhi | sampeyan linarak | sampun rêmbak sadaya | anulya dipun lampahi | wus binabayang | sikil sinèrèt aglis ||

24. aningali sang nata kêlangkung suka | prapta ngarsanira ji | jêng narpa ngandika | lah padha adêgêna | iku jisime si adhi | wus jinaganan | ngandika [nga...]

--- 206 ---

[...ndika] sri bupati ||

25. tatabana apa gêgamane yuda | aglis dipun tatabi | katur mring jêng narpa | lamun datan babêgta | ngandika sri narapati | adhi Santênan | sêdyane nora mulih ||

26. lah biyakên lathine adhi Pragola | apa untune bêrsih | sampun tiningalan | katur rêgêd wajanya | ngandika kangjêng sri mulki | tan kobêr rimas | asusur ta si adhi ||

27. amariksa jêng narpa mring wadyanira | sapa ingkang matèni | wadya atur sêmbah | sami arêrêbatan | angandika sri bupati | lah Nayadarma | tarikên waos mami ||

28. tiningalan ki baru kuthah ludira | ngandika sri bupati | ya Si Nayadarma | kang matèni yayi mas | kawarnaa Sawunggaling | sampun binônda | Endranata marani ||

29. Endranata ngiwi-iwi sarwi ngucap | dene si nora mulih | Sawunggaling sira | mêngko dene binônda | angamuka sun tadhahi | langkung bramantya | Sawunggaling sru angling ||

30. nora isin bêlis setan Endranata | mau malik kulambi | arêp ingsun tumbak | umpêtan amor kumpra | sira dêlaping wong urip | eman jêng narpa | maringi tunggak sêmi ||

31. eman linggih lampit dhèyèn gêndhagaKurang satu suku kata: eman linggih lampite dhèyèn gêndhaga | si edan wêdi mati | duraka nèng dunya | Endranata awirang | gya mundur linggih ing wuri | sarwi angucap | nanggap wong kêna sarik ||

32. Sawunggaling pan sampun katur babadan |

--- 207 ---

tinari mati pa urip | milih pinêjahan | wirang lamun gêsanga | mendah pocapaning janmi | wus pinêjahan | warnanên sri bupati ||

33. angandika jêng narpa mring Alap-alap | sira mentara aglis | lan Si Jagabaya | myang Si Arya Panular | kapat Arya Wirapati | lan wong Mataram | mèlua urun baris ||

34. boyongana marang nagara Santênan | poma sira dèn bêcik | yèn ana kang bôngga | anuli patènana | kang bôngga lamun wus mati | sira boyonga | bojone ja na kèri ||

35. sarupane kabèh wong wadon Santênan | yèn bojoning priyayi | ya sira tandhua | ja kongsi laku dharat | kalawan gowoa joli | bok ipe benjang | tugangna ing joliKurang satu suku kata: tunggangêna ing joli ||

36. Alap-alap lan Tumênggung Jagabaya | Panular Wirapati | wus sami tur sêmbah | nulya budhal sadaya | datan kawarna ing margi | warnanên sira | Mangunjaya kang prapti ||

37. wus malêbu jroning pura tur uninga | mring garwane dipati | yèn kang raka seda | tumpês sabalanira | ya ta kang garwa samyanjrit | wong dalêm pura | gumuruh samya nangis ||

38. sêsambate pan sami amêlasarsa | umyang swaraning tangis | lir pendah ampuhan | sakèhe para garwa | tuwin kèhe para cèthi | aniba-niba | wênèh gumuling siti ||

39. putranira kang awasta Radèn Rôngga | samya dipun tangisi | adhuh putraningwang [putra...]

--- 208 ---

[...ningwang] | êndi ta ramanira | sapa wêlas sira gusti | namung ramanta | kakang êmas dipati ||

40. jêngandika tilar putra maksih jabang | dèrèng wruh ing kamuktin | adhuh putraningwang | kang putra tan ngandika | pan namung marêbês mili | sajroning pura | umyang kang ponang tangis ||

41. para garwa prasamya agêgulungan | ana asambat mati | ana sambat bapa | wênèh sambat dipatya | êndi ujarira asih | dhatêng kawula | inggih kangmas dipati ||

42. dene tuwan tega tilar mring kawula | paduka seda dhingin | dhuh kangmas dipatya | kawula dika bêkta | tan bisa manira kari | kangmas Pragola | gawanên ingsun mati ||

43. kapanggiha ngakerat paduka benjang | tulus amba anyèthi | dhatêng ing paduka | nahên ing dalêm pura | jawi gumuruh kang tangis | tan winicara | kocap wadya Matawis ||

44. sampun prapta malêbêt sajroning pura | anèng pasar gêng baris | nêngêna saksana | nênggih wadya Santênan | ingkang tinanggênah wingking | kang têngga pura | sumêdya labuh pati ||

45. mantri catur prasamya anêdya bela | dhatêng gusti dipati | Ki Suraprameya | lawan Wirajêlajra | lan Ki Surataka katri | myang Pêngalasan | sami trahing ajurit ||

46. Pêngalasan pan sampun sami prayitna | kocap wadya Matawis | pan sampun uninga | yèn ana ingkang bôngga |

--- 209 ---

prasamya angati-ati | wus prapta sira | ing alun-alun Pathi ||

47. wong Santênan ingkang kantun kathahira | kalih atus kang baris | sigra atêngara | Dêmang Suraprameya | sarêng mangsah kang prajurit | angamuk rampak | sadaya ambêg pati ||

48. kinarubut ing bêdhil wadya Santênan | nanging nora gumingsir | pan akathah pêjah | pan samya linangkungan | sêdyane pan ora urip | wadya Mataram | iya tan na gumingsir ||

49. pangamuke wong Pathi lir singa lodra | galak tan olih bukti | pan kakehan lawan | wong Pathi akèh pêjah | prajurite angawaki | sigra narajang | angamuk bobat-mabitmobat-mabit (dan di tempat lain). ||

50. wong Mataram prajurite samya sura | prasami anginêbi | Ki Suraprameya | angamuk anglir yaksa | singa katrajang angisis | Ki Alap-alap | kudane dèn camêthi ||

51. wus atêmpuh yuda lan Suraprameya | rame ungkih-ingungkih | Ki Suraprameya | asru panumbakira | Ki Alap-alap atangkis | watangnya kontal | jinupuk numbak malih ||

52. wus ginêbang putung watange kasingsal | Alap-alap nglarihi | jajanira bêncah | swanidanira mêdal | Suraprameya tyas miris | anandhang brana | mundur kantaka aglis ||

53. Dêmang RogaRôngga Jaladra pangamukira | tan saya ngowak-awik | Ki Arya Panular | sigra dènnya narajang | sampun [sampu...]

--- 210 ---

[...n] atêmpuh ngajurit | tumbak-tinumbak | samya sudirèng kalih ||

54. Ki Panular anumbak Wira Jêladra | asru dènira tangkis | nanging katadhahan | kêna gulu keringnya | watara pasah sanyari | Rôngga Jaladra | amundur datan eling ||

55. Surataka angamuk saya manêngah | sigra Ki Wirapati | nyandhak pêngawinan | nandêr sigra narajang | tumbake tan angudhili | mudhun sing kuda | samya dharat kang jurit ||

56. Wirapati anêndhalanyêndhal mring Waratôngka | sinosog pan kuwalik | Suratôngka niba | dhêdhangkak anèng kisma | akêbat dipun larihi | pan kinakahan | Suratôngka ngêmasi ||

57. Jagabaya aprang lawan Pêngalasan | gantya asilih-ungkih | tan ana kasoran | samya sudira ing prang | Alap-alap aningali | sigra narajang | anumbak saking kering ||

58. Pangalasan kêna ing pilinganira | mundur gya datan eling | sigra nulya niba | anèng têngah wiwara | sêsèndhèn pinggiring kori | sampun pralaya | anênggih maksih linggih ||

59. sira Dêmang Suraprameya patinya | kêndhaga dèn leyangi | Ki Wirajêladra | mati ngurêbi lawang | Mangunjaya aningali | prajurit têlas | sigra malêbèng puri ||

60. sampun prapta ing pura Ki Mangunjaya | umyang swaraning tangis | sigra Mangunjaya | ngulati Radèn Rôngga | anulya radèn kêpanggih | aglis binêkta [bi...]

--- 211 ---

[...nêkta] | mêdal saking jro puri ||

61. Mangunjaya sigra mijil bêbutulan | sêdyane ngungsi wukir | ing gunung Prawata | lah ing ngriku saksana | kocapa wadya Matawis | malêbèng kitha | umyang swaraning tangis ||

62. Alap-alap myang Tumênggung Jagabaya | sampun dènnya ngrolisi | kèhing rajabrana | sira Ki Alap-alap | karsanya marêk sang dèwi | sang dyah karuna | lir pendah dhandhang muni ||

47. Dhandhanggula

1. sang dyah ayu lara-lara nangis | Alap-alap tan kêna cêraka | maksih atêbih prênahe | sakèh wong dalêm agung | samya nangis ngadhêp sang putri | wênèh anibèng kisma | lulur-lulur suku | sêsambate mêlasarsa | kang sawênèh pingitan aniba tangi | tan eling tinulungan ||

2. wontên pawongan inya sawiji | ngangên-angên sajroning wardaya | kayapriye wêkasane | agung sami amuwun | môngsa iki kandhêga tangis | iya môngsa wurunga | binoyong Matarum | ni inya aris lumakya | amarani Tumênggung Lap-alap aglis | ni inya alon ngucap ||

3. lah kiyai mangke kadospundi | karsa dika gusti sang dyah rêtna | lah ta kadya pundi mangke | Alap-alap lon muwus | môngsa iki kandhêga tangis | sak rèh pêkênira iyaLebih satu suku kata: sak rèh pêkênira ya | manira tumurut | yèn manira wasesaa | yêkti ajrih wêling dalêm sri bupati | pamothahe ratu mas ||

4. nyai êmban [ê...]

--- 212 ---

[...mban] wuwuse amanis | lah kiyai joli pêkênira | linêbokna dipun age | lah mangke kula matur | sun lêjarne ing tyas sang dèwi | mênawi inggih karsa | ing manah sang ing rum | sigra ni êmban lumampah | sampun prapta ngarsanira rajaputri | ragi kapering ngarsa ||

5. ni mban inya andheprok ing siti | nèng ngarsane sang rêtna juwita | amêlasasih ature | dhuh nyawa gustiningsun | lah kèndêla gusti rumiyin | punapa ingkang wêkas | tansah anggung wuyung | sumôngga gusti linakyan | wus bubuhan priya seda ing ajurit | wadone dadya tawan ||

6. sang dyah rêtna tan kandhêg anangis | lara-lara tangisira sang dyah | pawongan karuna kabèh | inya tan kandhêg matur | sênggrug-sênggrug sambat mlasasih | dhuh gustiku mas nyawa | mèndêla karuhun | luhung tumindak priyôngga | sampun ngantos ginêpok wadya Matawis | dados paran gustyamba ||

7. ni mban inya asru anayuti | lah mênênga wong wadon sadaya | aywa ngrudatin kalbune | gusti dyah kadya liwung | aja sira ambarung tangis | lah ya padha dandana | golèk-golèk sangu | lah sira môngsa wurunga | dipun bêdhol binoyong mamarang MatawisLebih satu suku kata: dipun bêdhol binoyong marang Matawis | lah payo pradandana ||

8. sang juwita kalbune wus gigrig | nging maksih mingsêg-mingsêg kewala | bok êmban tumulya age | pinondhong sang dyah

--- 213 ---

ayu | gya ingunggahakên ing joli | para garwa sadaya | jinoli tinandhu | wong wadon prasamya mêdal | cinawisan tandhu wus samya anitih | myang nunggang jaran tundhan ||

9. sakèhipun rabining priyayi | sampun sami tinandhu sadaya | wus budhal ing nagarane | sadalan tangis umyung | rare alit samya anangis | ana anjaluk sêga | wênèh jaluk banyu | akarya rujiting nala | pan akathah boyongan saking PathiKurang satu suku kata: pan akathah boyongan kang saking Pathi | lir pendah wong angarak ||

10. tandhu joli andulur nèng margi | jajarane asri tumbak sulam | tumbak benang ing ngarsane | langkung pangrêksanipun | magêrsari para prajurit | kocapa kangjêng sultan | wus bubar rumuhun | wus prapta nagri Mataram | kangjêng sultan gêganjar sagunging dasih | prituwin pra santana ||

11. Alap-alap wus prapta Matawis | sampun sowan ing ngarsa jêng sultan | boyongan wus prapta kabèh | sang putri wus lumêbu | ing jro pura pingitan sami | pan wong dalêm sadaya | nênggih karsa prabu | rabine para prawira | tinarimakakên sagung para mantri | gya kondur kangjêng sultan ||

12. duk bêdhahe nagari ing Pathi | sinêngkalan sirnaning pandhawa | tinata ratuSengkalan: sirnaning Pandhawa tinata ratu (1550 A.J.). babade | samana Sultan Agung | amariksa marang sang putri | purwane lakinira | wani marang ingsun | umatur yèn Endranata | ingkang dados setan [se...]

--- 214 ---

[...tan] angojok-ojoki | jêng sultan gya ngandika ||

13. Kangjêng Sultan enjinge tinangkil | miyos siniwèng para nararywa | munggèng sitinggil wadyandhèr | pinarak dhampar prabu | Martalulut dipun timbali | lawan Singanagara | ngandika sang prabu | Martalulut Singanagra | lah sudukên Si Endranata dèn aglis | ana ing ngarsaningwang ||

14. wadya umyat sadaya klangkung jrih | dene sangêt dukane jêng sultan | muka konjêm siti kabèh | Endranata wus lampus | gya binêdhèl ususe mijil | wus kinarya tingalan | munggèng pasar agung | jêng sultan kondur ngadhatyan | sampun bubar kang sinewa ing sitinggil | kang mati nora kocap ||

15. mapan sampun ing antara lami | kangjêng sultan miyos siniwaka | pêpak wadyabala kabèh | pra santana nung-anung | Panêmbahan Purbaya nangkil | munggèng ngarsa jêng sultan | kang tinantun rêmbug | ingkang sinuhun ngandika | lah ta uwa Purbaya mangkya dipundi | prakawis Surabaya ||

16. pan ing mangke wartane wus lalis | ingkang kari amung atmanira | Ki Mas Pêkik jêjuluke | ing mangke karsaningsun | Ki Mas Pêkik kula timbali | manirarsa uninga | Panêmbahan matur | punapa sakarsa sultan | gih kang uwa dhèrèka langkung prayogi | Mas Pêkik tinimbalan ||

17. sri narendra [na...]

--- 215 ---

[...rendra] minta duta aglis | Alap-alap sira ingsun duta | marang Surabaya mêngko | lawan gowoa batur | boyongana Radèn Mas Pêkik | saanak rabènira | kang kinon wotsantun | Ki Alap-alap wus budhal | kancanira sakawan mantri lit-alit | tan kawarna ing marga ||

18. pan gêlising carita wus prapti | Surabaya Mas Pêkik pinanggya | anèng ing padhukuhane | Rêrêpèh wastanipun | Alap-alap wus tata linggih | gya dhawuhkên timbalan | kawula ingutus | dening raka jêngandika | kangjêng sultan ing mangke arsa kêpanggih | kalawan jêngandika ||

19. gih paduka ngandikan dèn aglis | aprituwin sagarwa andika | sampun kantun sawarnine | katimbalan sang prabu | tan lênggana Radèn Mas Pêkik | sigra nuli adandan | sak nak-putunipun | Ki Alap-alap utusan | mring tumênggung samana sampun miranti | samya kinon adandan ||

20. angiringna Rahadyan Mas Pêkik | dèn rumêksa yèn ana dêdalan | wus samya tinata kabèh | anulya budhal sampun | Alap-alap myang Dyan Mas Pêkik | tuwin wong Surabaya | rumêksa ing pungkur | datan kawarna ing marga | sampun prapta padhusunan Butuh nguni | arsa ngujung astana ||

21. pan asare nang dagan saratri | Radèn Mas Pêkik langkung mêmuja | ing madya latri wancine | ana swara karungu | paring pemut mring Dyan Mas Pêkik | hèh thole

--- 216 ---

Surabaya | wruhanira besuk | iya ana panjênêngan | tanah Pajang mas putu na kang dadya ajiLebih satu suku kata: tanah Pajang mas putu na kang dadya ji | iya ing Wanakarta ||

22. kêkasihe iya Ratu Kuning | yêkti iku kaki putunira | kuloning kutha prênahe | kagyat anulya wungu | wus byar rina sigra dènnya ngling | mring kang tunggu ngastana | apa sira ngrungu | ana swara tan katingal | Pajang kene ing têmbe ana narpati | iku ta putuningwang ||

23. jêjuluke iya Ratu Kuning | angrênggani anèng Wanakarta | jro kunci trêtip silane | Dyan Mas Pêkik lingnya rum | lah kèria ki juru kunci | sigra agêgancangan | tan kawarnèng ênu | Ki Tumênggung Alap-alap | angaturi uninga dhatêng Matawis | munjuk mring kangjêng sultan ||

24. lamun Radèn Mas Pêkik wus prapti | kangjêng sultan tandya siniwaka | pêpak wadyabala kabèh | miwah sêntananipun | pan wus pêpak munggèng ngarsa ji | jêng sultan angandika | mring kang uwa wau | lah ta uwa Purubaya | kadospundi mangke Radèn Êmas Pêkik | prapta ing ngarsaningwang ||

25. inggih sintên kang yugya ngabêkti | lamun prapta punapa manira | ngabêktia gih pantêse | inggih punapa ingsun | ingkang patut dèn ngabêktèni | pêkênira pikira | ing priyoganipun | Panêmbahan aturira | yèn kawula inggih ta Radèn Mas Pêkik | kang pantês ngabêktia ||

26. apan sampun kungkulan narpati |

--- 217 ---

botên wontên kawula anistha | pan sampun kawon kawruhe | ing mangke yêktosipun | tinimbalan dhatêng ing ngarsi | tan kuwasa lênggana | milane sinuhun | pantês Dyan Mas Pêkik nêmbah | kangjêng sultan tyas suka ngandika aris | gih wa lêrês andika ||

27. kangjêng sultan angandika aris | bocah gandhèk sira timbalana | Radèn Mas Pêkik dèn age | nêmbah cundaka sampun | tan adangu dènnya nimbali | sigra Ki Alap-alap | lajêng lampahipun | ing alun-alun wus prapta | sigra kèndêl pepe nèng jro wringin kalih | muka konjêm buntala ||

28. saanak rabine Dyan Mas Pêkik | apan tumut apepe sadaya | sampun katur jêng sang rajèng | sigra ngandika sampun | nulya prapta ngarsa narpati | Dyan Mas Pêkik lênggahnya | apêratapêrak tumungkul | mukanya konjêm ing kisma | sakalangkung jrihira marang sang aji | marikêlu sowannya ||

29. tumungkulnya datan angling-angling | pan mèh gathuk kalawan buntala | tan tumênga sasuwene | kêlangkung ajrihipun | ing prabawa Sultan Matawis | sakèh kang mulat merang | mangrêpa tumungkul | Dyan Mas Pêkik Surabaya | sigra matur mring Kangjêng Sultan Matawis | nyaoskên pêjah gêsang ||

30. pan sumôngga ing karsa narpati | mila botên sowan mring jêng sultan | tan môntra lamun abdine | dados salah pukulun | dene warêk boga [bo...]

--- 218 ---

[...ga] lawan sih | mudha dama tan môntra | ing sêmu tan tanduk | myang paduka kangjêng sultan | dènnya sêkti sineba ing wong sabumi | anyakrawati ing rat ||

31. lir katurunan laetul kadri | kadhawuhan ing sabda paduka | nimbali kang abdi mangke | lir malekat dhêdhawuh | amba imbal sabdaning aji | apadhang tyas kawula | amirsa sabda rum | ciptamba dados pusaka | pan kawula gih age-agea panggih | saking lêganing driya ||

32. kangjêng sultan rêna jroning galih | duk miyarsa Mas Pêkik aturnya | Surabaya dan sumèlèh | ngandika sang aprabu | sira adhi ing Surawèsthi | milanira sun undang | marêk ngarsaningsun | apan wus pasthi Hyang Suksma | patêmone ing surya kalawan sasi | sêdhêng lagya purnama ||

33. wus raina sang hyang surya mijil | sapandulon lawan sang hyang arka | iya iku patêmone | sakêdhap sasi surup | timbangane baskara sami | salah siji ilanga | pasthi jagad suwung | manira upama surya | pêkênira si adhi minôngka sasi | pêsthi timbanganira ||

34. tanah Jawa lawan ing Matawis | pêkênira yèn ora anaa | yêkti rusak puwarane | jênêng Mataram puput | yèn tan têmu lan sira malih | pama sira têlaga | pancurane ingsun | pêsthi sira nadhahana | toya agung yèn ana pancuran mijil | yêkti puwara asat ||

35. mapan ingsun sêsotya kang adi |

--- 219 ---

yayi Surabaya bananira | yèn tan ana êmbanane | êmbanane asuwung | dadya merang ingkang ningali | ucula mring êmbanan | sirna tan kadulu | sêsotya tanpa êmbanan | cahya mancur akèh wong kang aningali | arsa angêmbanana ||

36. kangjêng sultan angandika malih | mring kang uwa Pangeran Purbaya | karsaningsun uwa mangke | dhimas Pêkik puniku | ingsun junjung dadya bupati | iya jênêng Pangeran | Pêkik Surèngkewuh | umatur Pangran Purbaya | langkung lêrês ing karsa paduka aji | sultan malih ngandika ||

37. inggih uwa Purbaya anuli | dhimas Pêkik pêrnahna dèn enggal | dimèn aso pondhokane | kang sinuhun gya kondur | ginarêbêg pawongan cèthi | kang seba wus luwaran | samya bubar mantuk | Dyan Mas Pêkik Surabaya | sampun manggèn ing pondhokane pribadi | ing latri tan winarna ||

38. enjingira jêng sultan tinangkil | pêpak sagung kang para punggawa | tuwin kang pra mantri kabèh | sêntana munggèng ngayun | Panêmbahan Purbaya ngarsi | Mas Pêkik wurènira | ngandika sang prabu | yayi Mas Pêkik majua | sigra majêng mukanya konjêm ing siti | jêng sultan angandika ||

39. mêngko sira yayi êmas Pêkik | awismaa anèng ing Mataram | lan sun junjung sira mangke | namanira sun pundhut | sun paringi jêjuluk yayi | anamaa Pangeran | Pêkik de lungguhmu [lungguh...]

--- 220 ---

[...mu] | nagrinira Surabaya | nanging yayi wadyanira Surawèsthi | poma ywa kongsi owah ||

40. sigra sujud wau Ki Mas Pêkik | mukanira lir konjêm pratala | saklangkung nuwun ature | sagung wadya Matarum | angèstrèni dhawuh sang aji | Mas Pêkik Surabaya | jinunjung sang prabu | awismaa ing Mataram | amisuwur anama Pangeran Pêkik | jêng sultan angandika ||

41. Surabaya lawan ing Matawis | apan tunggal rasa yayi êmas | adarbe nagara roro | nulya kondur sang prabu | ginarêbêg pawongan cèthi | malbèng ing dhatulaya | wau kang wadya gung | ingkang anèng pagêlaran | kang sewaka luwaran para bupati | wus mantuk sowang-sowang ||

42. kawarnaa Jêng Pangeran Pêkik | sampun wisma anèng ing Mataram | jêng sultan ing pasihane | laminya tan winuwus | Pangran Pêkik ing Surawèsthi | pan sampun tinariman | kang rayi sang prabu | Ratu Wandhan wastanira | ingkang garwa wau Jêng Pangeran Pêkik | sampun amor asmara ||

43. wus alami dènira akrami | nênggih dipati ing Surabaya | lan Ratu Wandhansarine | jêng sultan nèng kadhatun | angandika dhumatêng cèthi | timbalana rèningwang | Ratu Wandhansantun | warahên yèn ingsun gêrah | lamun awèh kakunge manjinga nuli | yèn tan awèh tan mêksa ||

--- 221 ---

44. sigra mentar ponang cèthi aglis | datan dangu prapta Surabayan | wus tumanduk sang wiranom | Pangran Pêkik puniku | ponang cèthi umatur aris | Dipati Surabaya | kawula ingutus | dening raka jêngandika | kangjêng sultan kawula kinèn nimbali | dhatêng rayi paduka ||

45. kangjêng sultan lagya gêrah mangkin | ingkang wêling raka jêngandika | kalamun awèh kakunge | lumêbua kadhatun | atinjoa gêrah sun iki | yèn tan suka yayi mas | poma ywa lumaku | Adipati Surabaya | têbah jaja sumôngga ing asta kalih | tan kêna lêngganaa ||

46. sigra mangkat Ratu Wandhansari | wus malêbêt marang ing kadhatyan | sigra prapta ing ngarsane | gya kangjêng sultan wungu | sigra ratu ing Wandhansari | ngabêkti mring kang raka | mangusapi lêbu | umatur rêtna kusuma | kakang aji punapa paduka sakit | amba kalangkung sumlang ||

47. sri narendra angandika aris | ariningsun luwih dening lara | ana ing ati larane | sun rasa saya giyuh | ya larane ing ati mami | dene ana pandhita | ing Giri gonipun | durung aseba maringwang | iya iku kang dadi rasaning ati | tan ana dadya tômba ||

48. tanah Jawi ingsun kang ngrêngsiki | wus arata pra ratu sumewa | ingsun pêrangi kasore | mulane Giri iku | tan sun rusak iku ta yayi | ingsun kalahi ing prang | durung [du...]

--- 222 ---

[...rung] mangsanipun | pinêsthi ing Giripura | myang pandhita kang timbang jayaning jurit | asor ungguling aprang ||

49. sakathahe pandhita ing Jawi | pêsthi kalah marang lakinira | wus kasoran lêlakune | Susunan Giri iku | iya guru ingkang sayêkti | Susunan Ngampèldênta | iku purwanipun | kang tapa sakèh pandhita | tanah Jawa sadaya samya lumiring | marang Jêng Ngampèldênta ||

50. tur sêmbah sang dyah tinundhung mulih | sampun prapta ing Kasurabayan | wus panggih lan raka mangke | anêmbah ngaras suku | kangjêng ratu mring sang dipati | garjita ing wardaya | praptane riningsun | anarka yèn ana karya | Adipati Surabaya wruh ing wangsit | kèndêl tanpi sasmita ||

51. tan winarna lamine ing mangkin | Ratu Wandhansari sinarenan | lamine tan kadya mangke | sasampunnya pulangyun | garwa matur mring raka bisik | wus brastha aturira | pangandika prabu | Ki Dipati Surabaya | ingsun nyana pan datan kadya puniki | karsa dalêm jêng sultan ||

52. yèn wêruha karsaning narpati | amrih ngrusak ing Giri pandhita | pinrih idhêpe bêktine | kagêgêm ngastaningsun | pan wus ana sêlaning driji | pandhita ing Prawata | sun duga ing kalbu | lah iya mosa mênanga | upamane lir mijêt uwohing ranti | wus pêsthi lamun bêdhah ||

53. ariningsun sira sun jatèni | Rajèng Giripura Raja Cina | bênêr karsane sang rajèng | yèn mêngkono riningsun | payo padha saos [sa...]

--- 223 ---

[...os] ngarsa ji | Dipati Surabaya | sigra lumastantun | prapta ngarsaning jêng sultan | angandika yayi dèn kaparèng ngarsi | kang pêrak lawan ingwang ||

54. yayi ana rasane kang ati | adipati alon aturira | yèn marêngi karsa rajèng | kawula ayun gêmpur | andhatêngi mêngsah narpati | anênggih Rajèng Cina | mirantos ing Gunung | wong Surabaya babêkta | yèn marêngi ing karsa paduka gusti | kawula mit ngayuda ||

55. wontên dene rayi paduka ji | amba tilar wontên ing Mataram | mangke katura sang rajèng | wontêna ing kadhatun | wong pawèstri mindhak ngribêdi | botên dadoskên rowang | prakawis prang pupuh | botên wande dados bôndha | têmahipun anglêmpêrakên ing jurit | pijêr angrêmbag garwa ||

56. kangjêng sultan gumujêng gya angliangling | karsaningsun yayi garwanira | sira gawaa ing mangke | pan uwis sêdyaningsun | kagarwaa sadulur mami | barênga pêjah gêsang | lawan lakinipun | pan wus wiyahing wanudya | yèn kang lanang kasor prang sigra ngêmasi | bojo dadi boyongan ||

57. Pangran Pêkik tumungkul wotsari | anuwun sih dalêm padukendra | tan lênggana ing karsane | têlas wêling sang prabu | Pangran Pêkik lawan kang rayi | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | jêng sultan alon ngandika | mring dyah ratu hèh yayi aywa gumingsir | barênga pêjah gêsang ||

58. Adipati Surabaya aglis | sinangonan kêncana salaka | arta

--- 224 ---

lawan busanane | ratu mas sinung sangu | abusana kang luwih adi | rêtna lawan kancana | artane pan agung | kangjêng sultan gya andonga | salamêta yayi gonira ajurit | muga unggula yuda ||

59. sarêng anêmbah sang adipati | lan kang garwa pan sampun lumampah | gya wus prapta ing dalême | wong Surabaya kumpul | sampun undhang yèn arsa mulih | wus samya pradandanan | sawadyane kêbut | sang adipati wus budhal | ing Mataram gih kalawan ingkang rayi | tan kawarna ing marga ||

60. sampun prapta nagarine sami | Surabaya sigra atêngara | angumpulakên barise | wadyanira wus rawuh | tata aglar ngarsa dipati | Pangran Pêkik ngandika | marang wadyanipun | ya sagunging matriningwangmantriningwang | mulaningsun iya iki kêna mulih | dinuta kangjêng sultan ||

61. kinèn bêdhah nagari ing Giri | para mantri tur sêmbah sadaya | angaturakên sanggupe | yèn paduka anggêmpur | dhatêng Giri amba tan ajrih | gôndra pintên wong Arga | pan karoban mungsuh | wadya Surabaya kathah | tiyang Giri punika pan amung kêdhik | pundi margane mênang ||

62. Pangran Pêkik nabda bab ing Giri | iya nora nêdya ingsun rusak | namung sun amrih idhêpe | anungkula ming sunKurang satu suku kata: anungkula maring sun | wontên wadya matur ing gusti | kawula myarsa warta | anênggih sang wiku | adarbe putrangkat wasta | Endrasena punika prawirèng jurit [ju...]

--- 225 ---

[...rit] | punikarsa magut prang ||

63. punggawane gih raja ing Giri | angrêmbagi ing aturing Cina | amêthukakên yudane | wadya Surabayèku | ngandêl laku ingkang patitis | gih yudanipun Cina | sanjata gêmipun | singa ingkang dèn sipata | pan waspada tan wontên kang lêpat gusti | Raja Giri pracaya ||

64. angandika sira Adipati | Surabaya sokur yèn Si Cina | amapag wani maring ngong | môngsa sun nêdya mundur | lah ta uwis bêndhea aglis | sigra nêmbang têngara | gêgaman wus kumpul | prajurite pan wus tata | sampun pêpak sang dipati sigra aglis | pêparing danasmara ||