Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 48–57)

Judul
Sambungan
1. Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 11–14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 15–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 20–24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 25–32). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 33–40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 41–47). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
8. Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845 (Pupuh 48–57). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 22-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

48. Asmaradana

1. busana arta waradin | prajurit tuwin prawira | anulya kinèn ambêndhe | ambudhalakên gêgaman | sigra têngara munya | gêgaman mangkat gumuruh | kadya gunung kawêlagar ||

2. wus tumindak sang dipati | akalihan ingkang garwa | anitih joli sang sinom | kang raka lumampah wuntat | anitih kudanira | ginarêbêg kudanipun | prajurit kang numpak kuda ||

3. polahe lir banthèng kanin | kadi singa lodra galak | lir macan kurang pangane | gêgamannya ambêlabar | kadya wana kawlagar | datan kawarna ing ênu | wus prapta ing Argapura ||

4. lah ing ngriku kang ginusthi | gantya ingkang winurcita | anênggih wau putrane | ing Giri atur uninga | yèn ing mangke ngunggahan | wong Surabaya [Sura...]

--- 2: 226 ---

[...baya] wus rawuh | prapta sagêlar sapapan ||

5. Rajèng Giri ngandika ris | yèn mangkono wartanira | dèn samya sumakta kabèh | lah payo magut ing yuda | ya sira putraningwang | dadya kang pangiritipun | putra umatur sandika ||

6. sigra atêngara aglis | mêpakkên kang wadyabala | wong wukir wus prapta kabèh | miranti busananing prang | marbot modin atata | wong pêkir prapta sadarum | pindha kuntul nêbèng wana ||

7. kêtib pêngulu nèng ngarsi | sasabalane pindhah-pindhah |[1] pun Cina senapatine | prasamya prajurit Cina | winatara kathahnya | nênggih mung wong kalih atus | sumêkta sikêpirèng prang ||

8. para santana ing Giri | pan sampun pêpak sadaya | ingirid sagêgamane | sigra anêmbang têngara | tăndha mangsah ing rana | sêdya sami lêbu awu | prajangji barêng pralaya ||

9. bêndhe bêdhug wus tinitir | wong Surabaya umiyat | lajêng rinakit barise | putra Cina sarêng mangsah | sarwi angagêm kantra | panyipatira tan luput | gêr muni antuk pralaya ||

10. putra Cina mangsah jurit | myang para mantri santana | wadya Giri ngamuk kabèh | campuh dènira ayuda | wong Surabaya panggah | surak gêr lir ardi bêntur | myang kadya ombak samodra ||

11. sakathahe wadya wukir | samya sura ambêg pêjah | maju rampak panrajange | sinosog ing ganjur atap | binêdhil binrangkolang | ngamuk lir bujăngga [bujăng...]

--- 2: 227 ---

[...ga] tawur | wong Surabaya kèh pêjah ||

12. wadya Surabaya ngisis | ingamuk mring putra Cina | kang wadya bubrah tatane | mandhêlong baris wus budhal | datan măngga puliha | sapih sang hyang arka surup | ingkang bujung kèndêl sayah ||

13. wadya Giri samya bali | wangsul mring prênahe lama | wadya Surabaya kabèh | samya seba nèng byantara | dhatêng ing gustira |[2] sadaya sarêng umatur | ngunjukakên pêjah gêsang ||

14. kawula tiwas ing kardi | abdi dalêm kathah pêjah | tanapi ingkang kataton | kaburu tuwin kasingsal | nênggih wadya prawira | samya prawira têguh tus | tan ana braja tumama ||

15. putra Cina anglangkungi | awase dènnya nyanjata | munya gêr antuk patine | abdi dalêm kathah pêjah | adipati miyarsa | kang wadya ing aturipun | sêmu miris panggalihnya ||

16. Pangran Surabaya nênggih | rumaos datan kuwawa | nora bisa pulih manèh | Ratu Wandhan wus miyarsa | lamun raka sêngkêl tyas | alon sabdanira arum | umatur dhatêng kang raka ||

17. yèn makatên ingkang jurit | kawula anêdha lilah | pangeran sun awakane | kang raka gupuh ngandika | dhuh mirahe pun kakang | gustiningsun sang lir santun | kapriye ing karsanira ||

18. wadyanira mangsah yayi | tan kêna măngga puliha | manawi ta kawula |[3] [...] | [...] | sagêd mulihakên purun | kang raka alon ngandika ||[4]

--- 2: 228 ---

19. sakarsanira ta gusti | ingsun pan ora sumêlang | têka tut wuria kabèh | lah ing ngriku wus byar rina | Ratu Wandhan sewaka | pinarak ing tarup agung | prituwin lawan kang raka ||

20. sineba dening pra mantri | Ratu Wandhan lon ngandika | dhatêng para mantri kabèh | hèh mantrine lakiningwang | iki duwèk manira | reyal namung wolung èwu | sira duma wong taruna ||

49. Sinom

1. sakèhe para prawira | linèlèr samya waradin | arta lawan kang busona | sagunging kang pra prajurit | sadaya sami tampi | ganjarane sang rêtna yu | dinum kadya ranjapan | sadaya sampun waradin | sagung ingkang prajurite Surapringga ||

2. Ratu Wandhan lon ngandika | hèh sakèhe wadya mami | sun wèhi arta busana | sira gowa angingoni | anak rabimu sami | ing benjang kalamun mantuk | têka ing wismanira | pan ing benjang ingsun mulih | mring Mataram ngaturakên pêjah gêsang ||

3. pan wus karuhan prangira | kalamun boya ngudhili | sun matur kangmas jêng sultan | yèn lamun kalah ing jurit | sayêkti wus kajodhi | prajurit samya kaburu | mantri akèh kang pêjah | sumawana kawula lit | pra nararywa santana samya tur sêmbah ||

4. prajurit nangis sadaya | pan sarwi ngaturi bêkti | dhuh gusti tanpa karana | jêngandika darbe kardi | tanpa ngrasa sih ugi | kawula ugi anuwun | ing duka jêng ratu mas | amba mêksih

--- 2: 229 ---

purun gusti | ingabên prang datan sumêdya mundura ||

5. prajurit matur sêdaya | kawula gusti ing benjing | apêrang lan putra Cina | kang wasis angagêm bêdhil | [...] | [...] | [...] | [...] | pan kawula arsa agandhengan asta ||[5]

6. swarane sikêp gumêrah | karêpe angajak jurit | lah payo marang payudan | mumpung aku duwe wani | pêsthine sèwu sisih | pêsthine sèwu pêpikul | sawênèh ana ngucap | manira salêksa sisih | lamun manggih kêranjang lawan rêmbatan ||

7. Jêng Ratu Wandhan ngandika | yèn sira arsa ajurit | ingsun pan arsa uninga | tangkêpe gènipun jurit | manira arsa uning | kanthaning wong aprang pupuh | prajurit atur sêmbah | lamun jêng ratu mriksani | tanpa ngrasa prajurit kadi supala ||

8. Ratu Wandhan lon ngandika | tuture lêluhur mami | trahing prajurit sudibya | ing Jawa tan ana tandhing | Kangjêng Sultan Matawis | lamun aprang ayun dulu | tingkahe wong ayuda | sadaya samya tur bêkti | yèn kawula taksih anèng alam dunya ||

9. jêng ratu atur kawula | paduka kèndêl rumiyin | tulusa apulangraras | sampun paduka miyosi | abdi pêjah rumiyin | lamun amba dèrèng lampus | sakarsamba mangkana | Ratu Wandhan ngandika ris | sun tarima winalêsa ing Hyang Suksma ||

10. Ratu Wandhan gya parentah | sakèhe para prajurit | kabèh padha singidana | yèn wis campuh ing ajurit |

--- 2: 230 ---

mêngko sun têngarani | kantra muni kaping têlu | iku sira mêdala | poma dèn prayitna sami | yèn wus kuwur sira nuli narajanga ||

11. Ratu Wandhan gya busana | myang wadya para prajurit | wus samya sumêktèng yuda | sikêpe wus dèn undhangi | sadaya samya prapti | sikêp binusanan sampun | pangangge murub mubyar | yèn tinon lir gunung gêni | sawarnine sikêpe ing Surabaya ||

12. pangangge awarna-warna | sikêp bêkêl myang pratinggi | ana rasukan sangkêlat | wênèh klambi sora sari | sutra lawan taluki | pan tarêgos kulukipun | ana kulambi bapar | têngara munya tinitir | Ratu Wandhan sigra dènira tumêdhak ||

13. tuwin Pangran Surabaya | wus budhal wadya prajurit | swaraning bala gumêrah | Prabu Giri amiyosi | bala ing Surabanggi | prasamya awas andulu | datan nganti têngara | sadaya pating barêkik | sigra surak ngriku wadya Surabaya ||

14. wadya Prawata uninga | sadaya samya mêdali | kalawan putra ing Cina | pan sampun angagêm bêdhil | singa kasipat kenging | [...] | [...] | [...] | sadayarsa malês sih tan amundura ||[6]

50. Durma

1. sarêng nêmpuh karasa mung pêparingan | pan arsa amalês sih | tandange lir wagra | sikêpe Surabaya | angamuk saya nêngahi | rukêt prangira | lir kocak jalanidhi ||

2. sampun rukêt kang jurit watang-winatang | rame katga

--- 2: 231 ---

agênti | acaruk candraswa | cêkêl-cinêkêl tangan | sawênèh bithi-binithi | jambak-jinambak | êdhag-dhêg samya untir ||

3. putra Cina angamuk saya manêngah | kadya banthèng akanin | kadya singa lodra | wadya kang cêdhak bubar | wong Surabaya angisis | bubar lumajar | prawira larut ênting ||

4. Ratu Wandhan umiyat wadyane rusak | sigra dènnya nudingi | ingkang balakuswa | sigra paninèn mêdal | kantra gya sinulêt aglis | ping tri ungêlnya | prajurit gya ngawaki ||

5. sigra matang kanan kering gya anjola | wadya Giri tan uning | gègèr apuyêngan | wong Giri tan awikan | prajurite akèh mati | putra ing Cina | sampun kinêpung jurit ||

6. putra Cina angamuk sabalanira | pan kadya banthèng kanin | samya tinadhahan | wadya lit ngamuk rampak | sadaya ambêrêk wani | pating gulasah | wong Giri kathah mati ||

7. samya giris prajurite putra Cina | tan ana măngga pulih | prasamya lumajar | angungsi minggah arga | ingkang kari samya kanin | pating sulayah | sêsambat mêlasasih ||

8. ana ingkang angungsi raja pandhita | ana arêbut rabi | wênèh ngungsi jurang | ana malêbèng wana | ing Giri dipun êbyuki | baris kinêpang | Prawata wadya gusis ||

9. Endrasena samana sampun palastra | kinrubut wadya alit | balane kèh pêjah | tanapi kang kacurnan | kang gêsang [gê...]

--- 2: 232 ---

[...sang] samya malêncing | mawur sarsaran | tan ana măngga pulih ||

10. lah ing ngriku Ki Dipati Surabaya | wus minggah marang Giri | prituwin kang garwa | prajurit garbêg samya | pinêthukkên anèng margi | dening wanodya | garwanya sang ayogi ||

11. sarwi nangis garwane raja pandhita | sadaya angabêkti | gya matur mangrêpa | inggih panuwun amba | apuranta mring sang yogi | semah kawula | yèn kenging nuwun urip ||

12. gya ngandika Sang Dipati Surabaya | hèh nini jêbèng Giri | datan nêdya paran | yèn kêna ki pandhita | mulane sun têka ngriki | arsa panggiha | marang lakimu iki ||

13. sêdyaningsun ni mantu mring lakènira | nora ingsun patèni | yèn kêna elinga | nungkula mring Mataram | angaturna pati urip | nora anyana | ingsun pinapag jurit ||

14. lakènira yèn pinarêng tuturana | tumêka ngarsa mami | aywa kèh tinaha | lah mara timbalana | lan aja anganggo kêris | lah dipun inggal | têkaa ngarsa mami ||

15. para garwa samya nimbali sadaya | umarêk marang laki | samya atur sêmbah | gusti laki manira | jêngandika dèn timbali | mring sang dipatya | ing Surabaya aglis ||

16. apan sêrêt ature raja pandhita | gya dandan tumuli |[7] tan mawi curiga | umarêk mring dipatya | prapta ngarsanira aglis | sigra tur sêmbah | sang wiku langkung ajrih ||

17. angandika Ki Dipati Surabaya | marang pandhita Giri |

--- 2: 233 ---

ya karsa manira | sira anak pandhita | payo marang Surawèsthi | sira ngidhêpa | mring Jêng Sultan Matawis ||

18. Sang Pandhita Giri aris aturira | datan lênggana gusti | pan wus karsaning Hyang | kawêca duk ing kuna | janjine bumi myang langit | yèn kabêndana | manggih asmara kingkin ||

51. Asmaradana

1. angrês manahe dipati | ningali mring putranira | dipati ngandika alon | aywa maras atmaningwang | payo seba Mataram | pratăndha yèn sira nungkul | angunjukna pêjah gêsang ||

2. sang pandhita gya lumiring | sang adipati ngandika | mring wadyabalane kabèh | lah ta sira jaganana | sandika turing wadya | yèn suwawi sang awiku | punika pinêjahana ||

3. milane têmahan jurit | abdi dalêm kathah pêjah | saking pandhita purwane | sang dipati gya ngandika | ingsun ora winênang | matènana sang awiku | pan dudu bubuhan ingwang ||

4. iya besuk putu mami | kang numpês wong amêrtapa | lah ta uwis dipun age | anuli sira tandhua | wau ta sang pandhita | apan sampun nitih tandhu | miwah sagung para garwa ||

5. wong cilik wus dèn boyongi | sang dipati sigra budhal | datan kawarna lampahe | wus prapta ing Surabaya | watara laminira | kèndêl wontên Surèngkewuh | rêrêp amung gangsal dina ||

6. enjing mangkat sang dipati | datan kantun sang pandhita [pa...]

--- 2: 234 ---

[...ndhita] | bêboyongan tumut kabèh | miwah ingkang rajabrana | pan alon lampahira | datan kawarna ing ênu | wus prapta nagri Mataram ||

7. sigra asowan sarimbit | malêbêt sajroning pura | kang raka kandhêg ing regol | Ratu Wandhan sampun prapta | ing ngarsa kangjêng sultan | saksana sigra acundhuk | sumungkêm angaras pada ||

8. jêng sultan ngandika aris | lah ta êndi lakènira | kang rayi atur sêmbahe | inggih wontên sripangantya | gya ngandika jêng sultan | age undangên rèningsun | malêbu sajroning pura ||

9. sampun tinimbalan aglis | tan adangu sigra prapta | sumungkêm pada sang katong | sampun angujung wotsêkar | sigra matur anêmbah | kawula paduka utus | gêmpur nagri Giripura ||

10. sampun tinimbalan inggih | raja pandhita konjuka | miwah rabinipun kabèh | tanapi rajabarana | mangke atur kawula | katura ingkang sinuhun | kangjêng sultan gya ngandika ||

11. ingsun tarima ta yayi | saking karya pakênira | raja pandhita ing mangke | sun paringakên mring sira | miwah rajabarana | sadaya-sadayanipun | ing Giri sira duwea ||

12. anuwun sang adipati | gya nampèni rajabrana | miwah kang raja kaputrèn | sinungkên mring Ratu Wandhan | jêng sultan gya ngandika | lah wis mundura rèningsun | aso mulih mring wismanya ||

13. kang rayi sigra wotsari [wo...]

--- 2: 235 ---

[...tsari] | wus mêdal saking jro pura | laju kondur mring dalême | sampun prapta wismanira | miwah ingkang boyongan | lan sarajabrananipun | wus samya dinum sadaya ||

14. sagunging para prajurit | ing Surabaya sadaya | pan samya dinuman kabèh | pra mantri tuwin santana | lêlurah lan gêbayan | warata têkèng wong pikul | sasikêpirèng sri nata ||

52. Sinom

1. tan kawarnaa samana | kocapa sri narapati | ri sêdhêngira sineba | dening wadya ing Matawis | pêpak kang para mantri | jajaran prasamya têpung | towok lêmbing myang panah | kering kantra aprituwin | priyantaka jajar lawan wong anyutra ||

2. lawan wong nungsa pracăndha | angapit kanan myang kering | kapêdhak gêlaring ngarsa | jagabaya anèng ngarsi | wong nyangkraknyana kering | tanuastra kang sumambung | lawan wong wisamarta | surayuda anisihi | wirabraja kalawan wong brajanala ||

3. wong kapilih anèng ngarsa | nirbaya manggèn nèng wuri | patrayuda myang kanoman | gandhèn mantri anom ngarsi | singanagri nisihi | wusdene wong martalulut | jêjênêng lawan jaksa | prituwin carik amaswi | myang wong gamêl niyaga aglar sumewa ||

4. astranăngga patrajaya | jagasura jodhipati | gowong lawan wong margăngsa | tuwaburu samya nangkil | prituwin pra dipati | atembak samya supênuh | miwah para sêntana | kamisêpuh pan sumiwi | wong pasisir kalawan [kala...]

--- 2: 236 ---

[...wan] măncanagara ||

5. kangjêng sultan lon ngandika | dhumatêng Ki Adipati | Mandurarêja wastanya | kaki andika ing mangkin | lumampah andon jurit | dadya senapatinipun | wong pasisir sadaya | andika abêna jurit | mring Jakarta kancikan dening Walănda ||

6. pan nagari ing Jakarta | bupatine wus kalindhih | punika dika rêbuta | poma kalahna Walandi | sakèh wadya pasisir | sadaya adunên pupuh | Dipati ing Mandura | matur sandika wotsari | sri narendra aris dènira ngandika ||

7. pêkênira ambêtaa | mariyêm ingsun kêkalih | lawan mêdala nglautan | pasisir kêrigên sami | dipati nêmbah amit | dhatêng jawi laju kondur | tan dangu praptèng wisma | santanane ki dipati | samya prapta kang tuwa anom sadaya ||

8. Dipati Mandura mojar | mring santana myang pra rabi | lah sira padha kèria | ingsun pan kinèn ajurit | pêrange wong pasisir | ing Jakarta kinèn gêmpur | anundhung Si Walănda | sakèh nak putu myang rabi | sarupaning santananingsun sadaya ||

9. lah iya pangrasaningwang | kaya ingsun ora mulih | nadyan sun mênanga yuda | tan wruh ing Mataram malih | para garwa miyarsi | sabdanira kakungipun | sadaya pan karuna | sêsambate ngandik-andik | sarupane anak putu kang wanudya ||

10. samya anangis sadaya | kadipundi ki dipati | paduka dene ngandika | têka

--- 2: 237 ---

amarasi galih | kang raka ngandika ris | wus tinakdir ing Hyang Agung | lah wis padha kèria | dèn abêcik anèng puri | măngsa wurung sira nusula maringwang ||

11. sigra Pangeran Mandura | ngrasuk busananing jurit | santana pêpak sadaya | prituwin wadya pasisir | sampun dipun utusi | ingkang kantra agêng mêtu | sigra Ki Baudhêndha | sampun angutusi malih | kinèn cawis sadandananing ayuda ||

12. Dipati Mandurarêja | budhal saking ing Matawis | prituwin Dipati Sampang | Surabaya myang Garêsik | Nglamongan lawan Tubin | ing Nglasêm lawan Sêdayu | Dêmak Kudus Jêpara | Juwana lawan Sêmawis | samya mantuk mring nagari sowang-sowang ||

13. mariyêm kalih binakta | dhatêng ing Sampang nagari | kang jaga mêdal nglautan | ing Sampang myang Surawèsthi | mapan sampun ajanji | kang mêdal dharatan besuk | panggihan nèng Ngastina | mapan sampun nata baris | Ki Mandura lampahnya datan kawarna ||

14. sigra prapta ing Ngastina | sakathahe wong pasisir | sadaya wus ingutusan | kang kilèn sampun miranti | kang wetan sampun rakit | gêgaman sadaya kumpul | sampun nata baita | samya numpak baita glis | sigra mancal wus samya ambabar layar ||

15. layare pating karêthap | munggèng têngahing jaladri | lumintu prasamya mancal | Surabaya lan Sêmawis | Kêndhal [Kê...]

--- 2: 238 ---

[...ndhal] myang Lèpèntangi | ing Têgal lan Batangipun | Barêbês Pakalongan | pasisir tan wontên kari | ing Carêbon gènnya samya tata wadya ||

16. pêpak sarêng dènnya mancal | anèng Carêbon nagari | datan kawarna nglautan | wus prapta Jakarta sami | sigra anata baris | Ki Mandura pondhokipun | kidul wetaning kitha | sagunging wadya pasisir | wus angêpung samyarsa gêcak Jakarta ||

17. wong kitha Jakarta obah | wong Jawa prasamya balik | aseba mring Ki Mandura | kang kèri namung Kumpêni | prasamya ngati-ati | balowartine gêng luhur | mariyêm wus tinata | gurnada myang gutuk api | saradhadhu sadina kontrang-kantringan ||

18. panggêdhene kang Walănda | kang marentah gung Kumpêni | Kapitan Jangkung wastanya | dêdêgira agêng inggil | ing sabrang tan na tandhing | jurite Kapitan Jangkung | kapitan kang satunggal | Bèllêm wastaning Walandi | kang satunggal Kapitan Hondrus wastanya ||

19. wontên malih wastanira | Kapitan Talo kang nami | Kapitan Pandras satunggal | kalawan Kapitan Wili | prituwin Pèsêl Hèndrik | kaastha Kapitan Gobru | petoripun satunggal | nêm bêlas kaptèn tamtènis | lopèrèse kathah tan kêna ingetang ||

20. sadina-dina mêlatar | tambur alêrêm tinitir | sadaya samya bêg pêjah | pan Walandi ingkang cilik [cili...]

--- 2: 239 ---

[...k] | manahira atintrim | Walănda tan kêna mêtu | lah ing ngriku saksana | kocapa wadya Matawis | Ki Dipati Mandura anata wadya ||

21. sagunging para bupatya | pasisir wus dèn timbali | Ki Baurêksa wus prapta | Anrangbaya sampun prapti | Barêbês lawan Têgil | Caruban Ngraku wus rawuh | Gêmbong lawan Pamalang | Pêmambêng myang Wiradèsi | Batang Kêndhal Kaliwungu myang Samarang ||

22. ing Dêmak Kudus Japara | ing Rêmbang tuwin Juwani | pan sampun prapta sadaya | ing Nglasêm lawan ing Tubin | Sêdayu myang Garêsik | Lamongan lan Surèngkewuh | miwah nagara Sampang | pan kinèn mêdal ing warih | anjagani mungsuh kang mêdal lautan ||

23. Dipati Mandurarêja | ngandika mring pra bupati | wadya pasisir sadaya | ing mangke inggih prayogi | ginêcaka tumuli | kitha Jakarta puniku | wong Jawa sampun brastha | samya aseba mariki | wong jro kutha mung kari wadya Walănda ||

24. Ki Baurêksa tur sêmbah | yèn parêng karsa kiyai | wadya kang mêdal nglautan | punika kang dèrèng prapti | rumiyin sampun janji | ing ayuda barêng lêbur | gêcak wadya Walănda | ing mangke lamun suwawi | ingêntosan sadina myang kalih dina ||

25. Dipati Mandura rêmbag | anurut aturing dasih | Dyan Tumênggung Baurêksa | miwah wadya ing pasisir | mapan arêmbag sami | ngriku kèndêl kalih dalu | ênêngêna samona |

--- 2: 240 ---

kocapa Rajèng Matawis | anèng pura pinarak lawan kang uwa ||

26. kangjêng sultan gya ngandika | lah uwa Purbaya inggih | jêngandika anusula | amayungana ing jurit | jêngandika tuwani | wadya kang mêtu ing laut | nanging wêkas manira | sampun paduka têmêni | jêngandika damêl tăndha tilas yuda ||

27. Panêmbahan Purubaya | tur sandika sigra pamit | wus mêdal jawining pura | panêmbahan wus lumaris | nanging tan mawi baris | namung ingkang wayah sunu | kapêdhak tuwin lurah | punika ingkang tut wuri | tan kawarna ing marga praptèng Jêpara ||

28. Panêmbahan Purubaya | adarbe palwa pribadi | awasta pun kaladuta | warnanira tuhu pèni | tandya dipun titihi | layare binabar sampun | praptèng têngah nglautan | lah ing ngriku kang lumaris | kang kocapa Ki Adipati Mandura ||

29. pan sampun miyarsa warta | Panêmbahan nusul nênggih | mring lampahe Ki Mandura | angrasa kalamun isin | lampahe dèn tumpangi | kang têngara sigra umyung | Tumênggung Baurêksa | mapan sampun nata baris | wong pasisir gêgamane pan kumêrap ||

30. prituwin kang nèng lautan | wong Sampang wus amayungi | gar-gêr samya surak-surak | Walănda sampun udani | yèn arsa dèn unggahi | sigra atêngara tambur | Kumpêni wus mêlatar | pan sampun tata miranti | kantra gurnat mariyêm lawan gurnada ||

31. sampun tinata sadaya [sada...]

--- 2: 241 ---

[...ya] | sêtatêle angadhêpi | saradhadhu wus mêlatar | sunapan sikêp Walandi | anênggih sakumpêni | sarean koprale têlu | lopèrèse satunggal | pan sampun sawiji-wiji | tatanira pan sami rampak sadaya ||

32. Walănda kang sabragada | kapitanipun satunggil | lutênan kalih atata | lopèrèse kang winarni | pan sampun angidêri | kang nèng lor wetan myang kidul | kulon sampun atata | kathahira winatawis | kang Walănda pan namung catur bragada ||

33. Kapitan Jangkung mêlatar | Kumpêni wus dèn idêri | apan sampun prajanjean | ajanji barêng ngêmasi | sanggupira tan gingsir | Walandi sarêng alêbur | samya ambêg palastra | tan ana anêdya urip | wus ajanji bubuhan ungkur-ungkuran ||

53. Pangkur

1. Kumpêni sampun prayitna | kidul wetan punika dèn kandêli | tiningalan kadya mêndhung | bêdhil sampun atata | mariyême gurnada myang gurnatipun | gutuk api lawan tiktak | kalantaka angidêri ||

2. sunapan pating galêbyar | tamburipun swaranipun mêlingi | Kapitan Jangkung nèng kidul | lawan catur kapitan | kang awasta Kapitan Willêm myang Odrus | Gubyun wastane satunggal | kalawan Kapitan Wêli ||

3. Ki Mandura wus têngara | wong pasisir kinèn umangsah jurit | sigra atêngara gupuh |

--- 2: 242 ---

gêr surak gêgênturan | karsanira angrangsang kitha anggêpuk | prasamya ababêdhilan | sêdyane angantêp jurit ||

4. wong pasisir samya rampak | wong Walănda samya angati-ati | mariyêm sinulêt gupuh | swaranya kadya gelap | gêr jumêgur lir pendah akasa rubuh | wong pasisir kathah pêjah | amêksa prawirèng jurit ||

5. datan kêndhat bêbêdhilan | gurnadane sadaya dèn sulêdi | swarane asru kumutug | gurnada asauran | mimis agêng cumlorot asawang daru | kang tinrajang bubar-bubar | wong pasisir kèh ngêmasi ||

6. tan na kang măngga puliha | ingkang samya prapta akathah lalis | gya mundur anandhang tatu | astra samya sarsaran | arsa ngamuk nanging kasapih ing dalu | wong Jawa mundur sadaya | tyasira prasamya tintrim ||

7. byar raina Ki Mandura | karsanira arsa angangsêg malih | prajurit kang anèng laut | sigra dènnya utusan | kinèn samya sarêng gêpuk kuthanipun | wadya pasisir sadaya | mariyême wus miranti ||

8. Kumpêni sampun atata | babêdhilan nèng pyarsaning pasisir | mariyêm kang anèng laut | sampun ngungkuli kitha | sinulêdan swarane lir gêlap sèwu | obah kang bumi prakêmpa | pêtêng pindha madya latri ||

9. ya ta kang lumakya dharat | sarêng campuh ing kanan tuwin kering | swaraning kantra gumrudug | tambur munya brang-brangan |

--- 2: 243 ---

kapiyarsa gora rèh giri gumulung | langit kadya tumanggêba | Hyang Taboga kongah-kangih ||

10. wong Jawa akathah pêjah | apadene Kumpni prasamya kanin | saradhadhune kèh lampus | kopral tuwin sarean | wong Kumpni prangira saklangkung kuwur |[8] pêtêng kontaping sundawa | dènnya prang gagap-gagapi ||

11. wadya kang mêdal lautan | apan kathah antukirèng pêpati | kalantakanira kantun | Kumpêni kèh palastra | kapitane ngriku Hèndrup sampun lampus | litnanira dwi wus pêjah | lopèrès katri ngêmasi ||

12. sigra wau dan ginantyan | kapitane lutnan wus dèn sulihi | apan mêksih aprang pupuh | rame bendrong-bendrongan | kang ayuda samana kasapih surup | lorodan samya gunêman | wong Kumpêni tyasnya wingwrin ||

13. lah ing ngriku ri saksana | Panêmbahan Purbaya sampun prapti | nèng pyarsaning Têgalarum | gya pinêthukakên gancang |[9] dhatêng alun gih pun banthèng wastanipun | kangjêng pangran lon ngandika | marang wong kang juru mudhi ||

14. apa rane ingkang ombak | kyai juru mudhi matur wotsari | punika prahara agung | pun banthèng wastanira | gih sring-asring ngrêmukkên baita agung | gya kaladuta lumakya | pun banthèng narajang aglis ||

15. pangran nyandhak pêngawinan | waos agêng nama pun bapa kaki | kang alun tinumbak gupuh | pasah ingkang prahara | mêdal gêtih samadyaning samodra gung | waos gya sinungan aran | tejawarta kang kêkasih ||

16. lah ing ngriku kangjêng [kang...]

--- 2: 244 ---

[...jêng] pangran | sampun prapta ngambang madyèng jaladri | tindakira mandhêg mangu | nitihi kaladuta | prau kapal apanjang agêng tur bagus | lah ing ngriku ing samodra | wontên palwa agêng prapti ||

17. nênggih kapale wong kopar | karsanira arsa amêmayungi | gêgaman kang anèng laut | punika dadya sêmang | palwa kapal pan têtiga kathahipun | Panêmbahan Purubaya | sigra dènnya marêpêki ||

18. Walănda kang anèng palwa | wus uninga prasamya ngati-ati | gurnanda sinulêd gupuh | ngriku Jêng Panêmbahan | datan kandhêg marêpêki karsanipun | ngadêg lir dêgsaka lanang | kaladuta dèn titihi ||

19. baita nêmpuh lumarap | pan jinujul maruta gêng nglangkungi | swaranya lir guntur kêtug | palwa tarung lir gêlap | baitaning Kumpêni ngriku wus ajur | kèrêm madyaning samodra | kang kantun prasamya gêndring ||

20. misuwur gumyaking warta | lamun Kangjêng Panêmbahan wus prapti | ayuda madyaning laut | palwa Kumpêni sigar | ingkang rayi satunggil kalih lumayu | Kumpêni sarêng miyarsa | manahira samya tintrim ||

21. misuwur Kumpêni Eslam | yèn Pangeran Purbaya langkung sêkti | kaloka yèn bisa mabur | ngriku kala samana | wong Kumpêni atintrim sadalu-dalu | ngawang-awang binêdhilan | samana obate ênting ||

22. enjingnya wau kocapa | Panêmbahan Purbaya minggir gisik [gisi...]

--- 2: 245 ---

[...k] | wadya pasisih[10] andulu | kang anèng ing lautan | sarêng umyat sêdyane apêrang pupuh | wus samya minggir sadaya | Kumpêni samya arakit ||

23. rêmbugira pra kapitan | mriyêm mangsah anèng pinggir pasisir | ingarah lowonganipun | sampun ingarah-arah | ingkang yogya mimis kang bisa lumêbu | sigra akras dènnya mentar | pangarahira pan sisip ||

24. kêna pinggire kewala | gêmpal pinggir mariyêm ing Matawis | petar-pinetar adangu | palwa kathah kang pêcah | [...] | [...] | kapitan dwi angêmasi ||[11]

25. Panêmbahan Purubaya | gya tumêdhak saking palwanira glis | abdi punakawan têlu | punika kang tut wuntat | kang angampil lantaran tuwin kêkuthuk | lan kang ngampil pagantenan | Walănda sampun udani ||

26. pan akêbat pinetaran | gurnatane sadaya dèn sulêdi | swarane lir gunung rubuh | gurnat tuwin gurnada | gutuk api swarane kadya galudhug | tambure munya brang-brangan | slomprète pating jalêrit ||

27. Panêmbahan Purubaya | angandika Lănda kêpati-pati | gènnya bêdhili maring sun | lah iya êntèkêna | mêdhatia obatmu Walănda gugup | lir ambêdhil wêwayangan | kantra buntêt datan muni ||

28. sawênèh bêdhile pêcah | Panêmbahan sansaya marêpêki | wong Kumpêni saya gugup | gègère apuyêngan | kang sawênèh

--- 2: 246 ---

bêdhil ing asa ngriku |[12] Walănda samya drigama | manawa ana ing langit ||

29. Panêmbahan gya ngandika | hèh Walănda dene liwat kumaki | apa ngêndêlkên kuthamu | ya duwèh kandêl wiyar | yèn kinèna nêmêni pasthi yèn lêbur | sigra dèn tudingi sigra | kutha bêdhah sêdhêng janmi ||

30. Panêmbahan Purubaya | sigra kondur pan maksih dèn bêdhili | pan eca ing tindakipun | lir bêdhil wêwayangan | panakawan têtiga tan pasah punglu | rahayu katiga pisan | ya ta kasaput ing wêngi ||

31. Panêmbahan lon ngandika | marang sira sagunge wong pasisir | lah wis karia sêdarum | ingsun layar manêngah | sun jagani mungsuh kang mêtu ing laut | sigra pangeran alayar | sakêdhap datan kaèksi ||

32. Panêmbahan Purubaya | lajêng kondur dhumatêng ing Matawis | pan sampun akarya tatu | agawe gora-godha | wong Kumpêni manahe lir dèn jur-êjur | sok ana mêndhung katingal | sag-sêg samya ambêdhili ||

33. gurnadanira mèh têlas | obat mimis Walănda wus anipis | warnanên kang anèng kidul | Tumênggung Baurêksa | Anrangbaya budhal saking bitingipun | sagunging kang wong Ngastina | prasamya ngalor ing biting ||

34. Kumpêni mimise têlas | sakalangkung ngêtog dènira jurit | mimisnya kinum ing uyuh | kinuthah lawan berak [bera...]

--- 2: 247 ---

[...k] | kang sawênèh kinuthah gajihing asu | wong Walănda wus uninga | wong Jawa angingêr baris ||

35. anulya dandan sadaya | wus malatar mariyêm dèn sulêdi | gurnad gurnada lan masbun | swara lir gêlap ngampar | pan wong Jawa kang katiban berak mawut | Dyan Tumênggung Baurêksa | samana anandhang kanin ||

36. bètènge pan sampun bubrah | wong pasisir manahe kêtir-kêtir | ya ta kasaput ing dalu | wong cilik kathah minggat | samya mulih alorot kalaning dalu | ya ta Dipati Mandura | sêdyanira angawaki ||

37. kadang kadeyan sadaya | pan pinêpak wus prapta dipatya ngling | iya ingsun arsa ngamuk | kuthane Si Walănda | sun unggahi manirarsa ambêg lampus | lah padha sira sudhiya | payo padha mati sabil ||

38. prasamya matur sandika | kang santana prituwin wadya alit | asanggup barênga gêmpur | enjange kawarnaa | Ki Mandura sêmana pan sampun mêtu | sigra atêngara munya | bêndhe angungkung tinitir ||

39. Kumpêni sampun mêlatar | kantranira pan sampun dèn isèni | berak dèn wor mimisipun | Ki Mandura wus mangsah | pra santana wadyane sarêng anêmpuh | Walănda pan kagegeran | gurnadane dèn sulêdi ||

40. swaraning kantra lir gêlap | kang pratala rêg obah gonjang-ganjing |

--- 2: 248 ---

wong Mataram kathah lampus | sawênèh na kabranan | burangkangan saking kêdah arsa maju | kang sawênèh ana sêmpal | baune manguwir-uwir ||

41. sawênèh kanin candraswa | janggut sêmpal gulunya tigas pancing | sawênèh pupune putung | sigra kinarya sawat | kang sawênèh ajur mumur angganipun | katênggêl dening gurnada | krompol-krompol sigra ngisis ||

42. kang atêguh amung kontal | gya atangi mangsah angamuk malih | Ki Mandura pêrangipun | mimis kadya pêrada | lamun kèndêl anulya ingusap runtuh | tumulya mangsah manêngah | wus pêrak kalawan biting ||

43. wong Kumpêni kagegeran | pelor têlas berak kinarya mimis | gènnya ngisèni kasusu | datan nganti wêwadhah | topiyone kang kinarya cibuk tablun | apan ta sinerok têngah | sawênèh cibuk kulambi ||

44. sampun samya binuntêlan | Ki Mandura sampun parêk lan biting | swaraning bêdhil gumrudug | tambur larêm brang-brangan | kang sunapan kadya garojogan sèwu | pêtêng kukusing sundawa | salomprèt pating jalêrit ||

45. wong Mandura kathah pêjah | kang atêguh prasamya wuru tai | sawênèh awake gaprut | ana kang gulagêpan | pra prawira sadaya akathah wuru | wênèh mutah bulakekan | tan kobêr [ko...]

--- 2: 249 ---

[...bêr] mangsah ing jurit ||

46. pangeran mundur asayah | undurira prasamya wuru tai | Ki Mandura mungur-mungur | sadaya mutah-mutah | pra santana watara kari dwi puluh | wadya cilik sampun têlas | kang urip tan bisa tangi ||

47. prasamya marang bêngawan | gya asiram busana dèn buwangi | sadaya asalin sampun | wangsul gya masanggrahan | Ki Mandura kalanipun kathah tatu | pan maksih samya sudira | sêdyanya angrangsang malih ||

48. Kumpêni samya gegeran | gêgamane akathah ingkang mati | kapitan catur kang lampus | litnan pêjah sakawan | lopèrèse samya lena kadwi puluh | suldhadhu pêjah sanambang | ingkang kari samya tintrim ||

49. dandananira wus têlas | mimis obat wus datan ana kèri | manahnya miris agugup | sêdya pêjah kewala | mung taine kang kinarya mimisipun | prasamyambêg pêjah aprang | nora sêdya angunduri ||

54. Durma

1. lah ing ngriku kang atugur ing Jakarta | kocap Sultan Matawis | lagya sinewaka | pêpak kang wadyabala | pra santana wus anangkil | Pangran Purbaya | samana lagya nangkil ||

2. mêntas prapta gya asowan kangjêng sultan | sigra umatur aglis | sampun amba sultan | mlampah ayahan nata | ajangkung ingkang ajurit | dhatêng Jakarta | wus manira lampahi ||

3. inggih sampun karya tilas gora-godha [gora-...]

--- 2: 250 ---

[...godha] | Kumpni prasamya tintrim | wau jêng paduka | wong pasisir sadaya | prasamya akathah lalis | pun Baurêsa | warti anandhang kanin ||

4. pun Mandura sampun ngawaki pribadya | tumpês balane ênting | sanak putunira | ngriku akathah pêjah | sampun dènnya ngrangsang biting | Kyai Mandura | mundure dening tai ||

5. wong Walănda sampun têlas mimisira | sundawa sampun nipis | têlas budinira | anêdya têtumpêsan | wong Kumpêni samya tintrim | lamun wontêna | karsanipun bantoni ||

6. inggih pasthi bêdhahe nagri Jakarta | ing mangke kadyapundi | karsane jêng sultan | botên siniyosêna | anggêcak wadya Kumpêni | kangjêng sri nata | pangandikanira aris |[13]|

7. inggih uwa ing mangke karsa manira | sun kon mundur kang jurit | uwa wruh andika | inggih têmbe ing benjang | ing sak turun pungkur mami | nak putuningwang | yèn maksih ing Matawis ||

8. wong Walănda punika ingkang angangkat | wus karsaning Hyang Widi | benjang wong Walănda | angêmbani ayuda | sakèhe wadya Matawis | konjêm pratala | sultan ngandika malih ||

9. hèh wong gandhèk lawan wong singanagara | mentara dipun aglis | sira timbalana | kang anèng ing Jakarta | sira undurna kang jurit | Si Baurêksa | patènana dèn aglis ||

10. Si Mandura [Mandu...]

--- 2: 251 ---

[...ra] aja mulih mring Mataram | prênahna Kalitangi | wis sira mangkata | gandhèk samya tur sêmbah | cundaka sigra lumaris | datan kawarna | marga Japara prapti ||

11. wus alayar sampun prapta ing Jakarta | ngriku sigra kêpanggih | lawan Ki Mandura | dhawuh timbalan sultan | kinèn mundur ing ajurit | ijêngandika | wontêna Lèpèntangi ||

12. Ki Mandura garjita sajroning nala | angrasa lamun sisip | sigra dènnya bubar | sampun anitih palwa | Baurêksa dèn suduki | kala sêmana | wong pasisir atintrim ||

13. sampun bubar wadya pasisir sadaya | Walănda aningali | suka manahira | angrasa lamun gêsang | ciptanira jroning galih | gih kangjêng sultan | ingkang angsung aurip ||

14. wong Walănda sadaya bukak topinya | langkung tarima kasih | mring sinuwun sultan | Mataram angsung gêsang | sagung prajurit Kumpêni | langkung jrih trêsna | mring Jêng Sultan Matawis ||

15. pira-pira sukane sagung Walănda | wus olèh rêmbuk bêcik | biyantu ing karsa | pra rat pêni Indiya | sigra wau anusuli | marang Mataram | ngaturkên bulubêkti ||

16. kawarnaa Ki Mandura sampun prapta | wontên ing Lèpèntangi | sak nak-putunira | langkung kawêlasarsa | saundurira ajurit | saking Jakarta | mangkya dèn sêngkalani ||

17. wong apêrang ana tasik buta kalih [ka...]

--- 2: 252 ---

[...lih] |[14] ingkang sêngkala nênggih | Pangeran Mandura | pan sampun pinêjahan | nênggih wontên Lèpèntangi | wus ingastana | wontên ing Lèpèntangi ||

18. tan winarna duk samana lamènira | Kangjêng Sultan Matawis | enjing siniwaka | pêpak kang wadyabala | pra niyaka mantri maswi | para sêntana | sadaya wus sumiwi ||

19. angandika kangjêng sultan mring rènira | Pangeran Adipati | Silarong wastanya | adhi sira mentara | sira sun paringi kardi | wadya Mataram | adunên ing ajurit ||

20. Bêlambangan adhi lah sira bêdhaha | lawan Pringgalaya di | aywa lumiringa | marang ing kakangira | wadyabala ing Matawis | sira adua | yèn ana wong ngoncati ||

21. patènana sira anggoa tontonan | lawan ingsun gawani | jêjênênga yuda | wong gandhèk sanakira | Si Padurêsa kang nami | anake paman | Pringgalaya sumêndhi ||

22. iya iku ingsun karya awak ingwang | kalawan sira yayi | kakang basanira | marang Si Padurêsa | pan iku sêsulih mami | sun karya tingal | lakune wong Matawis ||

23. iya uwis padha sira adandana | sakapraboning jurit | lawan wêkas ingwang | yèn mênang yudanira | Bêlambangan yèn kalindhih | lah boyongana | siji aja na kèri ||

24. dina Soma lah adhi sira mangkata | kang rayi gya wotsari | jêng sultan [sulta...]

--- 2: 253 ---

[...n] wus jêngkar | saking ing palênggahan | malêbêt ing kênyapuri | ngiring bêdhaya | biyada para cèthi ||

25. kang sewaka wus samya bubar sadaya | sampun arakit baris | wong măncanagara | pan sampun ingutusan | kinèn siyagaa sami | gêgamanira | sakapraboning jurit ||

26. tan winarna laminya praptèng ubaya | sultan miyos tinangkil | pêpak kang punggawa | mantri tuwin satriya | miwah Pangeran Dipati | Silarong sowan | kalihan ingkang rayi ||

27. kang awasta Adipati Pringgalaya | santananipun kalih | kang tumut ngluruga | sampun pêpak sadaya | miwah ingkang para mantri | gêgamanira | ngalun-alun abaris ||

28. angandika Jêng Sultan Agung Mataram | budhalêna kang baris | lah ta adhi poma | sira dipun prayitna | kang rayi matur wotsari | anulya budhal | sagung mantri prajurit ||

29. wus lumampah gêgaman agêng kumêrap | prapta jabaning aji | andhèr ambalabar | tan kawarna ing marga | pan sampun prapta Kadhiri | măncanagara | wau kang dipun anti ||

30. Jagaraga Kaduwang lan Kêmagêtan | Madiun sampun prapti | miwah Pranaraga | Carubin Kartasana | Kalangbrèt tuwin ing Ngrawi | Srêngat Balitar | sadaya sampun prapti ||

31. Garobogan Balora tuwin ing Jipang | Sêsela lagya prapti | wong pasisir ingkang | atumut angluruga | wong Nglasêm lawan ing Pathi | Sêdayu [Sêda...]

--- 2: 254 ---

[...yu] Tuban | Lamongan myang Garêsik ||

32. wong Madura kalawan wong Surabaya | punika samya kêrig | Japan Wirasaba | Pasuruan ing Malang | punika sampun ajanji | nèng Pasuruan | patêmon ingkang baris ||

33. wus abudhal saking Kadhiri wancinjang | tan kawarna ing margi | praptèng Pasuruan | sampunira atata | wadya pasisir wus prapti | măncanagara | sadaya pêpak baris ||

34. sampun budhal gêgaman prapta Lumajang | apan laju lumaris | mapan sampun prapta | watês nagri Blambangan | arêrêp anata baris | sampun kawarta | misuwur ing wong grami ||

35. Balambangan sadina-dina gegeran | sampun atur udani | mring Bali samana | pan sampun binantonan | wong Bali kang bêcik-bêcik | kang tautatal | ambêdhah sakèh nagri ||

36. panggêdhene kêkalih ingkang winarna | ngriku ingkang kêkasih | Dewajalêngkara | wastane kang satunggal | pun Dewagung ingkang nami | samya prakoswa | dêdêgnya agêng inggil ||

37. prajurite Panji Balibèng wastanya | lan Panji Macankuning | pamuknya akathah | nahan ta kawarnaa | ing Balambangan wus prapti | atata wadya | arsa umagut jurit ||

38. Adipati Bêlambangan kawarnaa | putranira kêkalih | wasta Ki Mas Kêmbar | kinèn rumêksa pura [pu...]

--- 2: 255 ---

[...ra] | wus budhal saking nagari | pan sampun prapta | tapêl watês pasisir ||

39. pan wus pêthuk sungut samya wang-winawang | kalawan wong Matawis | pan sampun prayitna | tandya tata gêgaman | prajurite amiranti | sampuna pasang | bêdhile dèn isèni ||

40. kang kinarya dhadha dadya gêgunungan | Pangeran Adipati | Silarong wastanya | kang kinarya pangarsa | sèwu numbakanyar sami | Pagêlèn wadya | iku samya prajurit ||

41. wong bumija ana pangawat kang kiwa | ingkang dados pangirid | Pangran Pringgalaya | miwah wadya Mataram | barise samya pinilih | prasamya tata | miwah wadya pasisir ||

42. ingkang têngara anênggih măncanagara |[15] wong Bali sigra prapti | lan wong Balambangan | sampun ayun-ayunan | kêndhang gong munya tinitir | atêmpuh lawan | sami bêdhil-binêdhil ||

43. wong Mataram tatanya sami asila | arsa angantêp jurit | dangu bêbêdhilan | wong Bali kathah pêjah | anulya mangsah abaris | sami narajang | sakathahe wong Bali ||

44. tumbakira ingêmbat lir pendah sada | ingumbulkên wiyati | pan wong Balambangan | tulup winor lan upas | prasamya anandêr wani | têmpuh ing yuda | kadya ombak jaladri ||

45. lindhu awor kang yuda wus salong pêjah | pangamuke wong Bali | lir banthèng kabranan | kadi wagra tanaya [tana...]

--- 2: 256 ---

[...ya] | pangamuke bobat-mabit | wadya Mataram | prasamya anadhahi ||

46. lêmbingira tulup pasêr kadi udan | wong Mataram kèh mati | sigra anarajang | Padurêsa priyăngga | pangamuke mobat-mabit | para sêntana | prasamya aningali ||

47. Adipati Pringgalaya wus miyarsa | yèn kang raka ajurit | Radèn Padurêsa | anulya tinulungan | sigra pra santana sami | umagut ing prang | sadaya angawaki ||

48. wong Mataram prasami angamuk rampak | bêndhe munya tinitir | gong maguru găngsa | têtêg kadya butula | kumarutug ingkang bêdhil | swaraning surak | kadya karêngèng langit ||

49. wus atêmpuh Balambangan kathah pêjah | wong Bali akèh mati | miwah wong Mataram | kèh mati dening upas | pasêrnya kadya garimis | wadya Mataram | bingung kèh nora eling ||

50. wong Pagêlèn arampak pangamukira | atarung lan wong Bali | wong Bali kèh pêjah | mapan kari apanjang | gêgaman ganjur pakolih | lamun pinancas | putung maksih pakolih ||

51. pan wong Bali Balambangan kathah pêjah | yudanira kalindhih | pan sampun lumaywa | samya angungsi desa | samana kasaput wêngi | wong ing Mataram | kang buru sami bali ||

52. Jêng Pangeran Silarong wau tumingal | wadyane akèh mati | kêna dening upas | nulya sami [sa...]

--- 2: 257 ---

[...mi] dhinupak | kang tan emut dèn sepaki | waras sadaya | kang kêna obat mimis ||

53. ênêngêna wontên ta ingkang kocapa | santana ing Matawis | anênggih kang putra | Pangeran Pringgalaya | kalangkung dados wawêri | anèng Mataram | nênggih lampahe maling ||

54. wastanira Rahadyan Wăngsakartika | dados sukêring nagri | karya jina dhustha | lawan matèni janma | kalangkung dadi wawêri | wadya Mataram | tan ana ingkang wani ||

55. milanipun binucal mring Pasuruan | Wăngsakartika nênggih | wontên ing Mataram | gung ngrusak tyasing janma | Wăngsakartika ing mangkin | sampun miyarsa | ri kalih tumut jurit ||

56. gya umangkat anusul mring paratan |[16] jujug panggenan ari | wus panggih rènira | Rahadèn Padurêksa | amirsa sigra ngabêkti | botên anyana | kangmas kapanggih ngriki ||

57. ingkang raka aris dènira ngandika | ingsun atakon yayi | paran juritira | ingkang rayi tur sêmbah | inggih kuwalahên jurit | wadya kèh pêjah | kang raka ngandika ris ||

58. yèn mangkono yayi ing karsa manira | ingsun milu ajurit | sokur sun matia | aywa wèt anèng dunya | awirang ingsun ningali | sasamaningwang | santana ing Matawis ||

59. angur ingsun nuli matia ing rana | ya ingsun ngamuk wêngi | yayi mungsuhira | wong Bali myang Blambangan [Blambanga...]

--- 2: 258 ---

[...n] | dene sira sun bubuhi | lamun raina | sira ngamuka adhi ||

60. wus biyantu rêmbak ari lawan raka | ingkang raka apamit | kang rayi turira | amba botên tumuta | kang raka ngandika aris | lah yayi aja | dudu sabamu yayi ||

61. wus umangkat Rahadyan Wăngsakartika | sampun prapta ing biting | tandya linumpatan | wus malêbêt samana | anulya dèn amuk wani | wong Balambangan | gègèripun sawêngi ||

62. apuyêngan wong jro biting kagegeran | lawan rencang pribadi | wong Bali kèh pêjah | tuwin wong Balambangan | kang ngamuk datan kaèksi | bangun raina | sigra dènnya ngunduri ||

63. nanging mêksih gègère anyana-nyana | malah tumêkèng enjing | pan sampun raina | sigra tata gêgaman | akarsa apulih gêtih | liwunging driya | bature akèh mati ||

64. sigra mangsah wong Mataram wus uninga | apan sampun miranti | gya anêmpuh ing prang | wong Bali lan wong Jawa | kantranya sarêng amuni | abêrondongan | Blambangan tuwin Bali ||

65. kantra agêng ungêle barung lan surak | mandhala gonjang-ganjing | langit kadya rêbah | [...] | Padurêksa nêngah jurit | pangamukira | numbak nigas ngakahi ||[17]

66. mangkana wong Bali tuwin Balambangan | awor

--- 2: 259 ---

mayit Matawis | pan susun atumpang | wangke mungsuh myang rowang | Bêlambangan akèh miris | tatane rusak | wong Bali bosah-basih ||

67. Radyan Padurêksa ngamuk kadya wagra | sinosog ganjur lêmbing | rinêksèng Hyang Suksma | lir pendah panjang putra | sinosok kang alang garing | wong Balambangan | prange wus akalindhih ||

68. lir andaka Padurêksa |[18] sarira kuthah gêtih | panganggenya basah | wong Bali sampun bubar | samana kasaput wêngi | mundur sadaya | sakèh wadya Matawis ||

69. wong Blambangan Bali jrih giris sadaya | manahira atintrim | prang raina kalah | akathah ingkang pêjah | ing latri dipun amuki | akathah pêjah | gègèr sawêngi-wêngi ||

70. kang anama Rahadyan Wăngsakartika | pangamuke ing wêngi | Radyan Padurêksa | pangamuke raina | mila wong Bali atintrim | wong Balambangan | prasamya lolos wêngi ||

71. prajurite kathah pêjah tuwin minggat | panggêdhe wus amati | nênggih kalih pisan | wong Bali sampun têlas | kang urip prasamya mulih | wong Bêlambangan | kêbut bubar sawêngi ||

72. byar raina wong Mataram wus uninga [uning...]

--- 2: 260 ---

[...a] | mêngsah bubar kang baris | sigra atêngara | samya angrangsang kutha | karsane anjêjarahi | sampun lumampah | wong cilik bêboyongi ||

73. Ki Mas Kêmbar samana sampun katingal | sigra cinêpêng aglis | pan sampun binănda | wong cilik binoyongan | lanang wadon gêdhe cilik | yèn wontên băngga | prasamya dèn pêjahi ||

74. wong Blambangan sêmana angungsi arga | ajar kang dipun ungsi | wastane punika | inggih Ajar Saloka | wong Mataram anututi | akathah pêjah | dèn amuk tan apulih ||

75. katur Pangran Silarong lamun ing arga | sigra kinèn ngunggahi | sagung pra santana | saksana ingunggahan | wus samya munggah mring ardi | wong Bêlambangan | samya ingamuk wani ||

76. sarêng Ajar Saloka sêla kang wadya | sigra cinêpêng aglis | pan sampun binêkta | dhumatêng pasanggrahan | ingaturakên mring gusti | Ajar Saloka | jêjêr tan arsa linggih ||

77. Adipati Pringgalaya tan sarănta | ki ajar dèn parani | jênêjêg wus rêbah | ajar sampun asila | Ki Pringgalaya linirik | osiking driya | wong iki liwat luwih ||

78. Jêng Pangeran Silarong asru ngandika | lah ta sira ki wasi | dahwèn lakunira [la...]

--- 2: 261 ---

[...kunira] | angukuhi wong mêngsah | sira mêngko sun patèni | ajar gya ngucap | pan ora sun gingsiri ||

79. gèn sun tapa nora sêdya mangkenea | pan ingsun dipun ungsi | amapag ing pêrang | pan karêpe pribadya | dene sun tumêkèng pati | măngsa bakala | karsane Hyang Kang Luwih ||

80. Jêng Pangeran Silarong asru ngandika | aywa crèwèt ki wasi | tandya pinêjahan | ajar sampun pralaya | arsa tinigas kang jisim | ajar gya musna | ana swara dumêling ||

81. iya benjang ingsun malês marang sira | yèn na Ratu Matawis | gèthèk baunira | iku sira antia | Pangeran Silarong angling | kakehan ujar | mêngko besuk sun wani ||

82. sasirnane Ajar Saloka jêng pangran | parentah marang dasih | dèn samya sumêkta | sagunge wong Mataram | aywa lena ing kardi |[19] akèn têngara | ambubarakên baris ||

83. tan kawarna wau ing marga wus prapta | ngriku nagri Matawis | prasamya sewaka | dhumatêng pagêlaran | jêng sultan miyos tinangkil | kang lagya prapta | sadaya samya maswi ||

84. sampun katur mring jêng sultan ing Mataram | ngandika sri bupati | parentah sun patya | Si Kêmbar uculana | amêsakkên bocah cilik | pan mèlu apa | kang kinèn awotsari ||

85. lawan ulihêna marang Bêlambangan | ngayomana kang kèri [kè...]

--- 2: 262 ---

[...ri] | nganggoa supata | yèn balila maringwang | aja anêmu basuki | wus sinupatan | sigra tinanêm malih ||

86. kangjêng sultan sigra kondur angêdhatyan | kèndêl ing srimanganti | gandhèk saradula | samana ingandikan | pan sampun dipun pirsani | kang mêntas yuda | sadaya dipun titi ||

87. saradula umatur saha wotsêkar | atur kawula gusti | rayinta Jêng Pangran | Silarong mantêp yuda | sakalangkung panggah jurit | pun Padurêksa | punika angawaki ||

88. pangamuke Padurêksa kadya yaksa | braja tan anêdhasi | tyang Bali kasoran | wontên sadhèrèkira | kang mêngsah ngamuk ing latri | Wăngsakartika | inggih ingkang wêwangi ||

89. inggih tunggil putranipun Pringgalaya | gusti kang dados wêri | kang paduka bucal | dhumatêng Pasêdhahan | punika tumut ajurit | tyang Balambangan | kawonipun ing latri ||

90. saradula têlas ature sadaya | bubar sri narapati | kondur angadhatyan | tan kawarna samana | ri sampuning lami-lami | ing dina Soma | sultan miyos tinangkil ||

55. Mijil

1. wus busana jêng sri narapati | akampuh di kaot | yèn dinulu lir Parta citrane | wadya mulat kadya lêlêng brai | duk miyos tinangkil | upacara mêtu ||

2. wus [wu...]

--- 2: 263 ---

[...s] lumampah pacara narpati | ing ngarsa sang katong | banyakdhalang endah pawohane | kang gêndhaga tuwin sawunggaling | capuri ing ngarsi | ardawalika gung ||

3. orêg kabèh wadya kang anangkil | apan samya anon | kangjêng gusti nênggih ujwalane | asri tinon busana narpati | sagung ingkang maswi | prasamya atakut ||

4. lamun wontên pangangge anyami | lawan agêm katong | kinèn mundur marang kapalane | sinung basa tan wruh ing prayogi | undure aririh | praptèng jawi gupuh ||

5. sawusira salin sigra nangkil | wau jêng sang katong | duk pinarak ing singasanane | angsung cipta sagung para mantri | kang umyat samya jrih | prasamya tumungkul ||

6. datan ana swara kapiyarsi | miwah kang kêkayon | datan ana obah sakabèhe | sagung pêksi tan ana kumlisik | kêmasan myang gêndhing | lawan manuk êngkuk ||

7. mung punika ingkang pêksi muni | pinirsa gunging wong | langkung rame rinungu swarane | wus adangu jêng sri narapati | dènira tinangkil | ngandika sang prabu ||

8. amariksa kanthaning ajurit | Balambangan kang wong | sapa ingkang aluwih jurite | Pangran Silarong matur wotsari | anênggih sang aji | kang rosa prangipun ||

9. anadhahi pangamuking Bali | jêjênêng sang

--- 2: 264 ---

katong | Padurêksa anênggih namane | wontên sadhèrèkipun satunggil | angamuk ing latri | langkung pêngkuhipun ||

10. pun Wăngsakartika ingkang nami | sultan ngandika lon | iku sapa mêkono arane | dene ingsun ta durung udani | sigra awotsari | Pangran Slarong matur ||

11. nênggih putranipun paman swargi | Pringgalaya kang wong | ingkang dados wawêri nagrine | rumiyin ingkang alampah sandi | katur ing sang aji | karuhun tinundhung ||

12. dhatêng nagri Pasêdhahan nguni | ngandika sang katong | iya Wăngsakartika ing mangke | pan sakèhe dosane ing nguni | ya wus sun maklumi | dosanira sagung ||

13. iya timbalana dipun aglis | sebaa maringong | lawan Si Padurêksa ing mangke | ingsun junjung dadia bupati | jênênga Dipati | Têpasana iku ||

14. ajajara lan santana mami | sèwu lungguhing wong | prawira nung angèstrèni kabèh | wusnya palastha kondur sang aji | malêbêt jro puri | pra garwa amêthuk ||

15. lah ing ngriku nalikanya mangkin | miyarsa sang katong | ing Sumêdhang Ngungkur pêmbalike | langkung duka jêng sri narapati | gya miyos tinangkil | wadya sêk supênuh ||

16. para mantri samya ngudanèni | yèn duka sang katong | wadananya konjêm siti kabèh |

--- 2: 265 ---

langkung ajrih mring kangjêng sri mulki | tan ana kumlisik | prasamya tumungkul ||

17. awor duka sultan dènira ngling | marang wadyanya wong | ge Sumêdhang lan ing Ngungkur mangke | ingkang katur marang sun ambalik | gêcakên tumuli | nagara ing Ngungkur ||

18. Singaranu lumakua aglis | angirida kang wong | ing Sumêdhang lan ing Ngungkur mangke | lah tumpêsên sakèhe kang janmi | sipat lanang ugi | aja na kang kantun ||

19. wong bumija iridên ajurit | numbakanyar kang wong | lah wong sèwu iku sakancane | iya kabèh padha dunên jurit | lawan wong pasisir | mèlua anglurug ||

20. para mantri kang kinon wotsari | wus karsa sang katong | obah wadya ing Mataram kabèh | sampun dandan kang badhe ajurit | têngaranira tri | kang wadya gumuruh ||

21. sampun budhal sagunging kang baris | wong Bagêlèn kulon | wong bumija mêtu nagarane | wong pasisir sampun dèn utusi | prasamya anjanji | Banyumas akumpul ||

22. tan kawarna pan sampun kapanggih | gêgamane golong | wong Banyumas gih pakumpulane | wus arêmbug ambudhalkên baris | tan kawarnèng margi | wus prapta ing Ngungkur ||

23. wong pasisir awor dènnya baris | wong Banyumas kulon | wong Pagêlèn nèng

--- 2: 266 ---

kidul barise | wong bumija wetan dènnya baris | pan atêpung kikis | kuthane kinêpung ||

24. sakèhing wong desa dèn boyongi | ingkang lanang kang wong | pinatenan têkèng ing rarene | wong jro kutha prasamya atintrim | ngamuk tan kuwawi | malah kongsi kuru ||

25. wus arêmbag wadya ing Matawis | ngrangsang kutha kono | miwah para bupatine kabèh | gya anêmbang têngaranya aglis | gêgaman wus mijil | sarêng angkatipun ||

26. wong jro kutha umyang dènnya nangis | gègèr jawi awor | bupatine wus cilik atine | prajurite tan kêna tinari | manah samya miris | budinira tanggung ||

27. wong Mataram samya anglêbêti | wong jro kutha diyon | ingkang wani tan rêmbug ature | sigra mangsah kapêksa kang jurit | sampun dèn lêbêti | wong kutha ting blulung ||

28. Adipati Sumêdhang wus kêni | binănda kaboyong | wong wadone wus tinawan kabèh | gêdhe cilik wus tan ana kèri | wus binakta mijil | tangisira umyung ||

29. wong ing Ngungkur ingkang dèn patèni | cacah sèwu kang wong | wong Mataram wus bubar barise | tan kawarna ing marga wus prapti | ing nagri Matawis | katur kang sinuhun ||

30. yèn ing Ngungkur pan sampun kalindhih | wonge [wong...]

--- 2: 267 ---

[...e] wus kaboyong | sampun tumpês kabèh wong lanange | kangjêng sultan sukanya tan sipi | tan kawarnèng kawi | anênggih winuwus ||

31. kangjêng sultan jumênêng narpati | kalih kang kadhaton | ing samodra kidul satunggile | Ratu Kidul kagarwa narpati | mila jêng sri mulki | kalih kuthanipun ||

32. kangjêng sultan pan arsa cangkrami | budhal sing kadhaton | pan Mancingan jêng sultan jujuge | sampun prapta têpining jahnawi | sagunging pra pêri | prasamya amêthuk ||

33. Kangjêng Ratu Kidul wus lumaris | amêthuk sang katong | jim pri prayangan dhèrèkkên kabèh | anampèni pacara narpati | jêng sultan kinanthi | dening Ratu Kidul ||

56. Kinanthi

1. upacane sang prabu |[20] pan sampun dipun tampèni | êjim pêri parayangan | sadaya ingkang nampèni | manungsa datan uninga | ampilane dèn gêntèni ||

2. sadaya samya amêthuk | kawarnaa sri bupati | lumampah kêkanthèn asta | pan sampun ngambah jaladri | kadya angambah dharatan | sakêdhap datan kaèksi ||

3. dene kang samya tumutur | tembak prasamya nèng kisik | ngriku anèng Pamancingan | prasamya angati-ati | lah ing ngriku kangjêng sultan | anèng madyaning jahnawi ||

4. praptèng galedhegan sampun | ing alun-alun [alun-alu...]

--- 2: 268 ---

[...n] arêsik | pacak sujine têmbaga | galedheganipun wêsi | botrawi ngapit wiwara | binatur sela cêndhani ||

5. pêthetan ngapit marga gung | anglangut jinidar ngrapit | ri sêdhêng sêkarnya muwah | wusdene na awoh pêntil | sawênèh na lungse wohnya | na lyan matêng nèng ing uwit ||

6. kangjêng sultan sigra laju | kèndêl witana sri adi | sineba jim pri prayangan | bangsal pangrawit nyênêni | sêsaka samya suwasa | sirape salaka putih ||

7. bêbaturira pinrunggu | ing luhur cêcawèn ngrawit | bangsal pirantya plênggahan | samya kancana ingukir | pinatik rêtna di mulya | lêlangsene sutra kuning ||

8. cinêplok-cêplok mas luhung | pinatik rêtna widuri | kadya thathit lêliwêran | lir pendah sudama ngalih | paglarane sinêbaran | mirah sotya ingkang alit ||

9. rara prabu alon matur | dhumatêng raka sri mulki | sultan paduka katuran | lumêbêt jro dalêm puri | jêng sultan gya tindakira | sampun rawuh ing sitinggil ||

10. kangjêng sultan tindak laju | têrus dhatêng dalêm puri | ing ngriku praptèng kadhatyan | dan pinarak kanthil rukmi | prabu rara pan datansah | gènira lênggah sumandhing ||

11. pantinya kumêndhung-kêndhung | langsenya pinlisir abrit | sarwi tinrapan mas mirah | pinggir

--- 2: 269 ---

sinungan kêkitir | rênyêp-rênyêp ting galêbyar | lir pendah kaswargan ngalih ||

12. pinunggêl ingkang wêwangun | lah ing ngriku jêng sri mulki | nulya ingaturan dhahar | tandya boja jêng sri mulki | kalawan sang prabu rara | tan dangu linorot aglis ||

13. gya ngaturan mring jinêmrum | jêng ratu tansah kinanthi | wus prapta ing pasarean | eca dènira aguling | dugi gènnya pulangraras | sawusnya apulangrêsmi ||

14. Jêng Ratu Kidul lon matur | mring raka kangjêng sri mulki | kawula ngaturi pirsa | ing mangke Sultan Matawis | mèh puput gèn mêngku ing rat | kondur mring rahmatolahi ||

15. namung kantun kalihipun | yèn parênga tilar nagri | tunggil amba nèng samodra | atilara para mantri | wusdene putra santana | miwah garwa sri bupati ||

16. yêkti ta gusti pukulun | nênggih tan seda yêktining | praptèng benjang akir jaman | mèsêm ngandika sri mulki | ja mangkono sira mirah | dènira asih mring mami ||

17. kayangapa mirah ingsun | lamun kalakona ngalih | dene saking marmanira | ya sun trima masku ari | kayangapa yèn klakona | mingsêr sing nagri Matawis ||

18. sakèhe lêluhur ingsun | pinêtak anèng Matawis | sagung janma antero ngrat | sêbute duk angrênggani | ya ingsun jatining janma | pêsthine kêna ing lalis [lali...]

--- 2: 270 ---

[...s] ||

19. sagunging rat kang tumuwuh | tan na madhani ing janmi | prituwin jin pêrayangan | wusdene setan lan eblis | tan timbang lawan manungsa | kang ginêlar kang dumadi ||

20. sarêng myarsa Ratu Kidul | pangandikaning narpati | kathah-kathah kang karasa | nungkêmi pangkon anangis | ginalih yèn kaluhuran | datan bisa amangsuli ||

21. sang dyah muwun pangkon prabu | sêsambate mêlasasih | nulya matur mring kang raka | dhuh kangmas Sultan Matawis | ulun gusti amêminta | dadosêna janma malih ||

22. gusti kalipah ratwagung | sidik tingal luwih sakti | kasusra ing tanah sabrang | yèn paduka ratu êning | pangruwatan saliring kang | tan na angkêr myang kasingit ||

23. panjênêngan dalêm prabu | mapan sampun dèn èstrèni | saking nagari ing Mêkah | ngrat Jawa tan na tumandhing | jumênêng Sultan Mataram | pra ratwagung samya maswi ||

24. gusti ruwatên wak ulun | ulihêna dados janmi | jêng sultan alon ngandika | dhuh yayi pan ora kêni | pinêsthi wus karsaning Hyang | ingkang amurba ing bumi ||

25. lamun sira sêdya tuhu | asale manungsa nguni | ya besuk jaman kiyamat | sira bisa nunggal janmi | sang dyah datansah udrasa | pamuwune lantik-lantik ||

--- 2: 271 ---

26. jêng sri mulki alon nulung | dan nyandhak cindhe sumampir | dyah rara alon ingêmban | rinurum ingarih-arih | binakta mring langon-sêkar | midêr-midêr tamansari ||

27. pijana nglangut dinulu | temboke salaka putih | mêpêki sarwi kancana | jêmbanganira ngidêri | bêbaturnya slaka pelag | êpotira gêdhah wilis ||

28. lir kaswargan yèn dinulu | sinigêg ingkang pijani | gantya kangjêng sri narendra | kang lagya mangimur ing sih | mring Sang Dyah Rêtna Samodra | tan pêgat dènnya karonsih ||

29. sang dyah ayu sampun lipur | ngriku gya kondur sang aji | pinarak bale kancana | tinrapan ing sêsotya di | tinurut intên barleyan | pinggire rinaja wêrdi ||

30. pating galêbyar dinulu | jêng sultan lênggah sarimbit | dyah rara tansah leyangan | pan sarwi umatur ririh | kula munjuk kangjêng sultan | ngaturkên babing prakawis ||

31. wangkingan dalêm sinuhun | pusaka ingkang kêkalih | punika atur kawula | kang bucala kang satunggil | amba gadhuhne samodra | ing têmbe sampun pradondi ||

32. kalamun jêng sultan surut | tan wande waswat winaris | saèstu dadya rêbatan | bilih wontên sultan kalih | dadya èwêt [èwê...]

--- 2: 272 ---

[...t] wong Mataram | wêkasane inggih jurit ||

33. angandika Sultan Agung | ya bênêr mas mirahkwari | pemutira marang ingwang | besuk sun buwang satunggil | sira mirah nampanana | ki sangkêlat kêris mami ||

34. lah kantuna jiwaningsun | manira pan arsa mulih | pan inganti wadyaningwang | kang anèng têpi jaladri | Jêng Ratu Kidul wotsêkar | kawula dhèrèk jêng gusti ||

35. yèn paduka sampun rawuh | kadhaton dalêm Matawis | kula nuwun pamit sultan | mantuk satêngah jahnawi | sang nata ngaras ing garwa | lah ta payo nimas yayi ||

36. sang dyah akêkanthèn sampun | kalawan sri narapati | êjin pêri parayangan | asêdya samya lumiring | sarwi ambêkta ampilan | yèn tinon tuhu rêspati ||

37. jêng sultan sampun alaju | tumindak anèng jahnawi | kadya angambah dharatan | alun agêng anèng ngarsi | angin lesus tuwin barat | sadaya samya jajari ||

38. wong Mataram sampun wêruh | watêke ingkang rumiyin | alun agêng sarwi barat | sigra rawuh sri bupati | prasamya saos sadaya | myang wadya kang ngampil-ampil ||

39. kangjêng sultan wus kadulu | lawan upacara asri | kang bêkta datan katingal | pan kadya mara pribadi | [...] | [...] ||[21]

40. sigra wau kang sinuhun | gêrbong ingkang dèn titihi | kalawan jêng ratuningrat |

--- 2: 273 ---

nanging tan ana udani | tindak dalêm lon-alonan | lamun tinon adi wingit ||

41. kawarnaa kang sinuhun | wus rawuh ing dalêm puri | Jêng Ratu Kidul pamitan | sultan kawula wus mulih | sang dyah rinangkul angaras | ingsun tilarana yayi ||

42. gantènira nimas ratu | maniranggo namur wingit | sang dyah jiwit sarwi mojar | dhuh lamis têmên wong iki | sampun dènira amuncang | sinung gantèn saking lathi ||

43. tinampèn waja sang prabu | sarwi ngaras wanti-wanti | jêng ratu sigra tumindak | mèsêm sarwi nolih-nolih | jêng sultan anut ing tingal | wus lêpas dènnya lumaris ||

44. sigra ngadhaton sang prabu | pinêthuk ing pramèswari | sampun prapta dalêm pura | para gusti samya ngampil | jêng sultan sampun pinarak | ingayap pra pramèswari ||

45. tan kawarna laminipun | mangkana sri narapati | apan ta sampun pêputra | anênggih kakung kêkalih | ingkang sêpuh rajaputra | mapan sampun mawi krami ||

46. Surabaya putranipun | ingkang nama Ratu Pêkik | ingkang anèm rajaputra | anama Radèn Mas Alit | datan kawarna laminya | samana sri narapati ||

47. wus dugi sêmayanipun | sampun jangkêp kalih warsi | anulya gêrah jêng sultan | ingadhêp ing rabi sêlir | jêng sultan aris ngandika | kinèn nimbali bupati ||

48. Ki Wiraguna Tumênggung | tinimbalan [ti...]

--- 2: 274 ---

[...nimbalan] sampun prapti | jêng sultan alon ngandika | iya kêris ingsun iki | buwangên marang samodra | aywa angewuh-ewuhi ||

49. lamun ingsun têkèng surut | aja ana ratu kalih | yèn mêksih roro wasiyat | pêsthi iku dipun waris | dhuwung ingsun ki sangkêlat | labuhên jroning jahnawi ||

50. Wiraguna tampi dhuwung | gancang dènira lumaris | lah ing ngriku tan winarna | praptèng têpining udadi | wontên alun agêng prapta | punika ingkang nampèni ||

51. dhuwung cinêmplungkên gupuh | Ki Wiraguna dan mulih | sawuse prapta kadhatyan | gya konjuk kangjêng sri mulki | kangjêng sultan alon nabda | timbalana putra mami ||

52. lawan kadang-kadang ingsun | kang dinuk tingal gya pamit | pra putra samya ngandikan | myang Pangeran Purbaya di | wus prapta ngarsèng jêng sultan | gupuh ingawe narpati ||

53. ngandika jêng sultan agung | lah uwa manira iki | prapta ing dina wêkasan | yun mantuk rahmatollahi | gih uwa wêling kula |[22] dèn bêcik manising wuri ||

57. Dhandhanggula

1. Pangran Purbaya matur mring gusti | sintên kang yogya gumantya nata | jêng sultan lon timbalane | uwa gih karsa ulun | wayah dika ingkang prayogi | gih Ki Arya Mataram | puniku kang

--- 2: 275 ---

sêpuh | gumantya jumênêng sultan | dene ingkang taruna tumuta mukti | anèng nagri Mataram ||

2. sampun têlas wêlinging narpati | sinauran gêtêr-patêr munya | gunung Marapi swarane | pan kadya langit rubuh | miwah ingkang swaraning jladri | sarta barat ampuhan | awor lawan jawuh | riwis-riwis alimêngan | kangjêng sultan gêrahe saya ngranuhi | sinundhang sampun mapat ||

3. Hyang Ăntaboga akongah-kangih | kangjêng sultan kondur rahmatollah | pra garwa pingitan kabèh | samya nangis gumuruh | sêsambate alantik-lantik | putra kalih karuna | sumungkêm ing suku | jro pura tangis gumêrah | orêg wadya ing Mataram agêng alit | gègère apuyêngan ||

4. kawarnaa layone sang aji | gya tinata sampun siniraman | sigra ingulêsan age | sinalatakên gupuh | layon dalêm munggèng ing kanthil | anulya gya binakta | sakèh para kaum | pra garwa samya karuna | myang pra cèthi umyang swarane kang tangis | saking awrating trêsna ||

5. sampun prapta ngastana Magiri | layon dalêm sumare kaluwat | dipun landhak kaluwate | sigra ngurugan sampun | para kaji wus angrêtèni | adat kang wus kalakyan | sigra bubar mantuk | lajêng sowan magêlaran | pra santana nararywa bupati mantri | pan wus [wu...]

--- 2: 276 ---

[...s] pêpak sadaya ||

 


Lebih satu suku kata: sabalane pindhah-pindhah. (kembali)
Kurang satu suku kata: dhatêng ing gustinira. (kembali)
Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu e(o): manawi ta kawulane. (kembali)
Kurang dua gatra: ke-4 (8a) dan ke-5 (7a). (kembali)
Kurang empat gatra: ke-5 (7i), ke-6 (8u), ke-7 (7a), dan ke-8 (8i). (kembali)
Kurang tiga gatra ke-6 (8u), ke-7 (7a), dan ke-8 (8i). (kembali)
Kurang satu suku kata: gya pradandan tumuli. (kembali)
Kurang satu suku kata: wong Kumpêni prangira saklangkung kuwur. (kembali)
Lebih satu suku kata: gya pinêthukkên gancang. (kembali)
10 pasisir. (kembali)
11 Kurang dua gatra: ke-5 (12u) dan ke-6 (8a). (kembali)
12 Kurang satu suku kata: kang sawênèh bêdhil ing akasa ngriku. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: pangandikanira ris. (kembali)
14 Biasanya guru lagu a. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: ingkang têngara nênggih măncanagara. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: gya umangkat anusul mring pabaratan. (kembali)
17 Kurang satu gatra: ke-4 (7a). (kembali)
18 Kurang empat suku kata: lir andaka pangamuke Padurêksa. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: aywa na lena ing kardi. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: upacarane sang prabu. (kembali)
21 Kurang dua gatra: ke-5 (8a) dan ke-6 (8i). (kembali)
22 Kurang satu suku kata: inggih uwa wêling kula. (kembali)