Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 15-19)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 01-10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  2. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 11-14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  3. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 15-19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  4. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 20-24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  5. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 25-32). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  6. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 33-40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  7. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 41-47). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  8. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 48-57). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
Image

15. Durma

1. lah ing ngriku gênti ingkang kawarnaa | kocapa ing Matawis | Kangjêng Sri Narendra | enjing miyos sineba | pêpak kang mantri bupati | myang para putra | santana samya nangkil ||

2. Adipati Môndaraka nèng byantara | ngandika sri bupati | uwa Môndaraka | kadipundi ing karsa | kula gih ajêng ngyêktèni | ingkang wirayat | kangjêng sunan ing Giri ||

3. lan malihe uwa nuwun idi ingwang | gèn ingsun madêg aji | anèng ing Mataram | Dipati Môndaraka | umatur maring narpati | inggih sang nata | kula dhèrèk nywawèni ||

4. wus mangsane ing mangke angyêktènana | kang wirayat ing nguni | Kangjêng Sunan Ngarga | kalawan karsaning Hyang | ngandika sri narapati | hèh Pangalasan | sira diparèng ngarsi ||

5. Pangalasan mêngko sira ingsun duta | aturna surat mami | mring Jêng Sunan Ngarga | kalawan bêktèningwang | nuli lumakua aglis | surat tinampan | tur sêmbah gya lumaris ||

6. tiyang kawan dasa wau rowangira | sarta amundhi tulis | kocapa sang nata | jêngkar dènnya sineba | kondur dhatêng dalêm puri | ingkang sewaka | wus samya bubar mulih ||

7. kawarnaa Jêng Sunan Giri sineba | para putra anangkil | miwah pra santana | pêpak munggèng byantara | Pangalasan nulya prapti | ing Giripura | linarapakên aglis ||

8. gya ngandikan Pangalasan maring ngarsa | majêng sarwi tur tulis | sampun tinampanan | mring Kangjêng Panêmbahan | winaos sinuksmèng galih | ungêling surat | kawula atur bêkti ||

9. kaping kalih kawula atur uninga | nuwun barkah sang yogi | kawula pan arsa | angyêktosi wirayat | pangandika dalêm nguni | dhatêng pun bapa | amêsaamêca dhatêng kami ||

10. Panêmbahan [Panêmbah...]

--- 2 ---

[...an] ing Giri mèsêm ing driya | myarsa ungêling tulis | nulya angandika | marang Ki Pangalasan | matura mring Senapati | yèn ngyêktènana | sarananana dhingin ||

11. angluruga mring nagara ing bang wetan | dene benjang yèn prapti | ana wangsiting Hyang | marang ingkang sarira | Pangalasan gya tur pamit | saha wotsêkar | nêmbah nulya umijil ||

12. Pangalasan lajêng mantuk mring Mataram | Panêmbahan ing Giri | têksih siniwaka | dening para santana | Jêng Sunan ngandika aris | mring pra santana | benjang Ki Senapati ||

13. pan ujaring wirayat amutêr jagad | saturun dadya aji | kabèh ing rat Jawa | kawêngku ing Mataram | sanadyan ing Giri iki | lamun sisipa | ing benjang dadya abdi ||

14. wus takdire Pangeran tan kêna owah | apan ta wus pinasthi | ing dahuru jaman | ratu padha ngawula | kawula kèh dadi gusti | tandhane ana | Pajang lawan Matawis ||

15. pra santana umatur saha wotsêkar | panuwun amba gusti | sampun mêningana | jaman kadya punika | Jêng Sunan ngandika aris | wus karsaning Hyang | pasthi tan kêna gingsir ||

16. lah ing ngriku Kangjêng Susunaning Arga | kocap Rajèng Matawis | lagya siniwaka | dening para santana | andhèr ing ngarsa sang aji | sigra praptanya | Pangalasan mring ngarsi ||

17. Pangalasan umatur sarwi anêmbah | mring Kangjêng Senapati | pan sampun kawula | kaduta dhatêng Arga | ngaturkên srat paduka ji | mring Panêmbahan | sampun dipun tampèni ||

18. wusing konjuk ngaturkên bêkti paduka | winaos ponang tulis | langkung sukanira | Jêng Sunan angandika | dhumatêng kawula gusti | kinèn matura | ing paduka narpati ||

19. kang rumiyin inggih ingkang salam donga | kaping kalih kang wêling | lah sira matura |

--- 3 ---

marang Ki Senapatya | lamun arsa angyêktèni | ingkang wirayat | ingsun donga Hyang Widhi ||

20. dhinginana angluruga mring bang wetan | ingsun iya ngidèni | marang putraningwang | têka dèn lampahana | pan wus karsaning Hyang Widhi | Ki Senapatya | amêngku tanah Jawi ||

21. sakalangkung sukanira sri narendra | mirsa aturnya mangkin | kalamun cinêtha | amêngku tanah Jawa | sang nata ngandika aris | wa Môndaraka | nêdha mangkat tumuli ||

22. nanging dhingin swargi rama duk aseba | marêk mring sang ayogi | ing wulan Mukharam | yèn kula tumindaka | marang bang wetan nagari | wulan Mukharam | manut swargi rumiyin ||

23. lah ing mangke uwa ing karsa manira | utusana rumiyin | marang nagri Dêmak | Pathi lan Lèpèn Nyamat | sami tata dandan aglis | gêgamanira | dhatênga ing Matawis ||

24. Jagaraga kalawan wadya ing Pajang | padha saosa sami | dandananing yuda | padha dipun sumêkta | lan dèn wèhana udani | yèn ingsun arsa | nglurug bang wetan nagri ||

25. wus antara anulya wulan Mukharam | pêpak wadya Matawis | Pathi lawan Dêmak | Pajang lan Jagaraga | Lèpèn Nyamat sampun prapti | wong Pamajêgan | pêpak prasamya baris ||

26. sigra budhal wau Sang Rajèng Mataram | kang dadya tunggul jurit | gaman Jagaraga | nuli wadya ing Pajang | wadya Dêmak anèng wuri | lan Lèpèn Nyamat | nuli gêgaman Pathi ||

27. kang sumambung ing wuri wadya Majêgan | nuli wadya Matawis | Dipati Môndraka | kalawan pra santana | sang nata anèng ing wuri | lan wong Kajoran | ingkang dadya pawingking ||

28. tiningalan untape ingkang gêgaman |

--- 4 ---

anglir wukir kabêsmi | solahing prawira | apan kadya andaka | lampahe anggêgirisi | datan kawarna | lampahe wong Matawis ||

29. kang kocapa Adipati Surabaya | utusan ing nagari | Sidayu lan Tuban | Nglasêm lawan Madura | Pêkacangan Naribanggi | lawan Baleka | Sumênêp dèn utusi ||

30. Pasuruan Lumajang lan Wirasaba | Malang lawan Kadhiri | Sarêngat Balitar | Kalangbrèt lan ing Ngrawa | apan sami dèn utusi | kinèn dhatênga | ing Japan sami baris ||

31. Kêmagêtan Madiun lan Pranaraga | sami kinèn ajagi | wau nagrinira | kocap sagung bupatya | kang pinanggil sami prapti | sawadyanira | sasikêping ajurit ||

32. wus akumpul sagunging para bupatya | ciptane mêthuk jurit | marang wong Mataram | Panêmbahan Ngalaga | karsane dipun sabili | samya prayitna | sakathahing prajurit ||

33. wong Mataram wus prapta nagri ing Japan | ayun-ayunan jurit | ing ngriku kocapa | wong Mataram krodhanya | wong wetan sikêpa sami | sinigêg kang prang | ngriku Nêmbahan Giri ||

34. apan sampun wau ngaturan uninga | kalamun wong Matawis | ngêpung nagri Japan | ajêng sagung bupatya | wong wetan kèh kang nulungi | prasamya tata | lajêng têmpuh ing jurit ||

35. Panêmbahan ing Giri sampun utusan | kaum sadasa aglis | lan ambêkta surat | mring Adipati Japan | dhawuhna Rajèng Matawis | myang Surabaya | tinampèn ponang tulis ||

36. sigra mentar utusan prapta ing Japan | mondhok madyaning baris | pyaywagung Mataram | samana wus utusan | dening caraka ing Giri | wong agung wetan | kadwinya dèn utusi ||

37. sampun prapta Adipati Surabaya | lawan Rajèng Matawis |

--- 5 ---

sagunging bupatya | wus pêpakan gya tata | anèng ing Japan nagari | wau cundaka | sigra dènira angling ||

38. hèh Ki Senapati Ngalagèng Mataram | myang sagunging bupati | bang wetan sadaya | lah sami dèn ngèstokna | sun ngutus sang maha yêkti | mawi nuwala | ya dèn sami ngèstuti ||

39. dan winaca surat dalêm mring utusan | nèng byantara bupati | ungêling supatra | amawi ciri donga | mring sri narpa ing Matawis | myang Surabaya | dene sagung dipati ||

40. kapindhone sira padha arêp apa | dene pating bathithit | yun-ayunan yuda | sisip ing polahira | agawe rusak wong cilik | yèn sira yun prang | pêsthi kèh janma mati ||

41. lah ki jêbèng Mataram lan Surabaya | kadwi pilihên sami | isi lawan wadhah | padha sira piliha | palastha ungêling tulis | lah poma-poma | aja na nyulayani ||

42. Senapati ing aprang anêkêm sirah | mirsa ungêling tulis | dan sarwi ngandika | hèh adhi Surabaya | apa ta karsane yayi | kang pangandika | Jêng Panêmbahan Giri ||

43. iya dene pêkênira lawan ingwang | kinèn asami milih | isi lawan wadhah | besuk dadya wasiyat | pinundhia ingkang kari | ingkang pusaka | kangjêng sunan ing Giri ||

44. lah ta adhi pêkênira amiliha | dhingin aku ngèrèni | sira ki dipatya | Surabaya kèmêngan | pinikir sajroning batin | yèn sun miliha | wêwadhahe puniki ||

45. ya isine kang duwe Jêng Senapatya | lah apa têmahaning | suwung kang nagara | pasthi isine têlas | kadarbe mring Senapati | angur isinya | kang ingsun pilih iki ||

46. gya ngandika Jêng Senapati Ngalaga |

--- 6 ---

lah kadipundi yayi | nora angandika | têka kèndêl kewala | Dipati Surabaya ngling | inggih sang nata | isine kang sun pilih ||

47. pan paduka inggih kang darbèki wadhah | manira ingkang isi | Kangjêng Senapatya | aris dènnya ngandika | lah sakarsanira yayi | ingsun atadhah | pan wis prentah sang yogi ||

48. sampun tampan-tinampan kang prajangjean | utusan anjênêngi | pan sampun bibaran | mring pondhok sowang-sowang | Sri Naranata Matawis | ya ta sineba | dening para bupati ||

49. nata nabda hèh ta uwa Môndaraka | karsa manira benjing | bumi ing bang wetan | sapa kang ngisènana | raina wêngi sun ambil | sapa wêruha | isine bumi lami ||

50. lah ing mangke wong Mataram bubarêna | ingsun kondur tumiKurang satu suku kata: ingsun kondur tumuli | nulya tinêngêran | wong Mataram wus budhal | mantuk dhatêng ing Matawis | wadya bang wetan | sigra abubar mulih ||

51. lah ing ngriku kocapa Jêng Sunan Ngarga | sampun ngaturan uning | yèn wong Surabaya | amilih isinira | wêwadhah Prabu Matawis | Jêng Panêmbahan | alon ngandika aris ||

52. wus tinêkdir Senapati ing Mataram | mêngku rat tanah Jawi | wus karsaning Suksma | tan kêna yèn ngowahan | Surabaya milih dhisik | tan kalêrêsan | pasthi kukuh kang bumi ||

53. nalikanya Adipati Surabaya | ri sêdhêngnya tinangkil | aglar pra atmaja | wusdene pra santana | sêk supênuh tôndha mantri | dipatya nabda | mring sagung ingkang maswi ||

54. lah karêpku nagri kidul ingsun gantya | wong Surabaya mangkin | gya anglampahêna | angirida wong wetan | kang tinuding nêmbah amit | gya lajêng

--- 7 ---

mrantya | saastranirèng jurit ||

55. tan antara wong wetan anulya budhal | ing Wande dèn lurugi | ya ta sampun kesah | apan wus tinanêman | wadya Surabaya mangkin | anulya bubar | wong wetan samya mulih ||

56. adipati ing Pajang sampun utusan | mring nagari Matawis | ngaturi uninga | dhumatêng sri narendra | yèn ing Wande dèn lurugi | pan sampun bêdhah | jêng narpa ngandika ris ||

57. iya têka sinênga adhi ing Pajang | dene ing Wande iki | rusake wong wetan | iya môngsa ilanga | pan wong bang wetan puniki | kagungan ingwang | sarta pangèstu Giri ||

58. lah ta iya ingsun môngsa mênangana | putra wayah sun benjing | kang angrata Jawa | matur Ki Môndaraka | dhumatêng sri narapati | kadya punapa | karsa nata ing mangkin ||

59. nagari bang wetan mangke linurugan | binêdhah kang nagari | amalês binahak | ngandika sri narendra | gih dika sabarna mangkin | benjang ing wulan | Mukharam sun lurugi ||

60. ênêngêna Kangjêng Sinuwun Mataram | kocapa Ki Dipati | nênggih Pranaraga | pan lagya pagunêman | anèng Madiun nagari | samya aseba | pêpak kang tôndha mantri ||

61. rajèng ing Madiun aris angandika | marang kang para mantri | mêngko karsaningwang | adhi ing Pranaraga | lah nêdhaa gunêm mangkin | padha rinasan | kaya apa puniki ||

62. Senapati Mataram saya angrêbda | karêpe ngosak-asik | ing sanuswa Jawa | kabèh kudu rinata | kalamun rêmbag suwawi | padha pinatah | wong agung wetan iki ||

--- 8 ---

63. Adipati Pranaraga sigra ngucap | sakarsa tuwan gusti | anênggih kawula | dhatêng dhèrèk kawula | rajèng ing Madiun angling | karsa manira | Mataram mumpung cilik ||

64. upamane anglir ta gêni sakonang | yèn tan siniram nuli | têmah ngômbra-ômbra | Raja Madiun ika | anulya utusan aglis | mring Surapringga | angaturakên tulis ||

65. Pangalasan wastane ingkang dinuta | tur bêkti nulya amit | Dipati Panraga | pamit karsa mantuka | rajèng ing Madiun nuli | amêpak bala | wong desa sami sawiscawis ||

66. wong Madiun akèh angungsi mring Pajang | jinabêl nora kêni | wadya Pranaraga | pan sampun ingundhangan | sadaya samya miranti | prayitnèng yuda | kunêng ingkang winarni ||

67. kang kocapa pangeran ing Surabaya | enjing miyos tinangkil | pêpak kang punggawa | miwah kang para putra | duta ing Madiun prapti | nulya ngandikan | punang duta tur tulis ||

68. wus tinampan mring Dipati Surabaya | winaca punang tulis | ijêmaning surat | dhapur atur uninga | manira ayun nglurugi | dhatêng Mataram | jêngandika bantoni ||

69. angandika dipati ing Surabaya | aywa sumêlang galih | pasthi wong bang wetan | sun lampahkên sadaya | anggêpuk nagri Matawis | nanging sun ora | milua anindaki ||

70. wus pracaya marang paman adipatya | ing Madiun puniki | lawan Pranaraga | sakèh wong Surabaya | angirida para mantri | ambantonana | Madiun mangun jurit ||

71. pinisalin sapangadêg kang utusan | ya ta anuli amit | Pangran Surabaya | pan sampun aputusan | mring para dipati sami |

--- 9 ---

kinèn adandan | sasikêping ajurit ||

72. Surabaya pan sampun nata gêgaman | wus pêpak ingkang baris | Pangran Surabaya | apan ora tumindak | anuduh ing para mantri | sigra têngara | gêgaman budhal aglis ||

73. sakathahe gêgaman wetan sadaya | patêmone kaciri | samya amondhokan | sakilèning bêngawan | lah ing ngriku ta kariyin | kang kawarnaa | jêng narpa ing Matawis ||

74. siniwaka dening wadya ing Mataram | pêpak kang tôndha mantri | miwah para putra | santana sami seba | Dipati Môndraka nangkil | munggèng ing ngarsa | kangjêng sri narapati ||

75. kajinêman matur dhatêng sri narendra | gusti wong wetan baris | gih sêdyane samya | arsa gêpuk Mataram | ngandika Nata Matawis | uwa Môndraka | wadya dika undhangi ||

76. wong ing Pathi Dêmak lawan Lèpèn Nyamat | miwah Pajang Dipati | padha tumindaka | patêmon Jagaraga | sadaya wus dèn undhangi | sakèh nagara | prapta samya miranti ||

77. wong Mataram pan sampun pêpak gêgaman | baris jawining taji | lan wong Pamajêgan | kalawan wong Kajoran | akumpul jawining taji | miwah wong Pajang | sampun tata kang baris ||

78. angandika ing Sang Sinuwun Mataram | uwa budhalna aglis | sagunging gêgaman | ya ta anuli budhal | wadyabala ing Matawis | datan kawarna | Jagaraga wus prapti ||

79. sampun kumpul lan wadyabala sadaya | sang nata budhal aglis | saking Jagaraga | nulya nabuh têngara | kêndhang gong kalawan bèri | munya sauran | anglir karêngèng langit ||

80. tan kawarna ing marga

--- 10 ---

pan sampun prapta | kali Dhadhung abaris | tata masanggrahan | kadya prawata bêntar | anggamêng pinggir bênawi | wadya Mataram | baris sakilèn kali ||

81. tandya matur Sang Dipati Môndaraka | paran karsa sang aji | paduka anabrang | mangsah tandhing ayuda | sang nata ngandika aris | karsa manira | mila kandhêg ing ngriki ||

82. de sagunge prajurit wetan wus budhal | ngumpul nagri Kadhiri | dene sang dipatya | tan tumindak piyambak | mung aminta kang prajurit | nêmbang têngara | mangkat sagunging baris ||

83. wadya alit samana sami atembak | kali Dhadhung dèn goni | ngriku kang winarna | wadya wetan wus prapta | nèng Madiun tata baris | samya prayitna | margi sawetan kali ||

84. asawangan pra wadya anganti ing prang | ya ta Sri Narapati | Mataram sineba | dening para nararywa | Kya Môndaraka turnya ris | inggih jêng narpa | Madiun kadipundi ||

85. pan ing mangke paran kang prayogèng karsa | de kèndêl wadya jurit | samya tandhing jaya | de arsa kêdah-kêdah | amêngku ing tanah Jawi | mêngsah balabar | lir robing kang jaladri ||

86. nanging wadya Madiun kang dèrèng prapta | sang nata ngandika ris | lah uwa kèndêla | mangke karsa manira | Si Adisara dèn aglis | sira majua | anèng ing ngarsa mami ||

87. têkap ngarsa Disara matur sang nata | patik manuwun gusti | paran kang prayoga | dinunung têkap ngarsa | ngandika sri narapati | iya Disara | sira sun duta nini ||

88. Adisara matur sarwi awotsêkar | sandika tan gumingsir | nadyan praptèng pêjah | amba datan lênggana | sang nata ngandika aris | ya lumêbua [lumêbu...]

--- 11 ---

[...a] | Madiun jroning puri ||

89. layang ingsun aturna mring Panêmbahan | Madiun dipun aglis | ni istha raganya | sira surya bisika | mindhaa ngunggah-unggahi | poma dèn bisa | Disara nêmbah mijil ||

16. Mijil

1. wus pinujwa Sang Dyah Adisari | warna ayu anom | kalpijana burat marbuk jêne | rema mêmak sinarsayèng sari | wusnya busana di | gya marak sang prabu ||

2. angandika Sang Natèng Matawis | lah mentara gupoh | anggawaa batur ingkang akèh | wong ing Warung Jurugêdhong sami | asaosa jèlijoli | dèn sumêkta sagung ||

3. lan jajaran kawan dasa sisih | dèn prayitnèng kewoh | manawa na wong bang wetan takèn | iya marang sira Adisari | wêwaraha sami | kalamun sun nungkul ||

4. Adisara iya wêkas mami | poma dèn kalakon | yèn ginebang mring atma naryane | tuwin Natèng Madiun ta nini | lakonana nanging | ywa kongsia lulut ||

5. Adisara tur sandika sarwi | lèngsèr ngarsa katong | wus lumakya upacara ngarsèng | samya ingulêsan sutra kuning | myang lancang rinukmi | pakêcohanipun ||

6. kêkacu mas jajar sawunggaling | banyak dhalang kaot | kuthuk kêndhi pratola jajare | Adisara wus anitih joli | yèn dinulu asri | lampahing kaprabun ||

7. Môndaraka aturira aris | paran karsa katong | de mangkana anuwun jarwane | sri narendra mèsêm ngandika ris | gih uwa kang sun prih | padhanga ing laku ||

8. kawarnaa sira Adisari | lampahira alon | anarajang wong wetan barise | wadya kang

--- 12 ---

baris nakoniKurang dua suku kata: wadya ingkang baris anakoni | maring kang jajari | joli apa mlaku ||

9. kang tinanya alon anauri | wruhanira kang wong | Sri Mataram manungkul karsane | mring Madiun kang sinêdyèng galih | de sêpuh pribadi | wong wetan gumuyu ||

10. wicara yèn Senapati bêkti | marang sang akatong | nora pira samono bobote | wus rumôngsa yèn jênênge cilik | datan wani jurit | lan wong wetan takut ||

11. Sri Madiun ya ta kang winarni | barisnya kitha jro | aprayitna sumêkta wastrane | duk samana ri sêdhêng tinangkil | pêpak kang prajurit | aglar munggèng ngayun ||

12. tan adangu dènnya gunêm kawis | lan nararywa katong | solahira ing ayuda mangke | pan kasaru Adisara prapti | gawok ingkang sami | dyah rumantab ngayun ||

13. gupuh dènnya nungkêmi pada ji | mangusap kisma lon | kagawokan wong Madiun kabèh | de pangalêmbananirèng galih | baya wong ing ngêndi | wênês ayu tulus ||

14. Panêmbahan angandika aris | babo ni mbok wadon | sun têtanya marang ing dhèwèkke | janma ngêndi sangkanira nini | sapa kang wêwangi | lan apa karyamu ||

15. dene ayu anom ingkang warni | gêtêre tyas ingong | lah matura pa kang sêdyakake | Adisara gya umatur aris | kang utusan gusti | abdinta pukulun ||

16. Senapati Ngalaga Matawis | de panêngran ingong | Adisara kawulamba kinèn | marêk dhumatêng paduka gusti | ngaturakên patik | myang bêkta suratun ||

17. abdi Senapati manuwun sih | paduka sang katong | dera agung manabêt lampahe | kamipurun ngaturi palupi | ya ta sri

--- 13 ---

bupati | kèndêl tyas kumênyut ||

18. Panêmbahan wus tampi palupi | angandika alon | sutèng ulun Mas Lunthang dèn age | lah wacanên iki punang tulis | nêmbah atma tampi | winaos nèng ngayun ||

19. gya binuka ijêmaning tulis | ya ta kang wiraos | bêbukane ngaturkên sêmbahe | Senapati Ngalaga Matawis | katura sang aji | sinêmbah Madiun ||

20. nuwun ngapuntên lêpating abdi | mring paduka katong | dadya samar pun Senapatine | botên sêdya yèn mêngsaha gusti | nguni têkap mangkin | kawula ngwu-awu ||

21. lan malihe tur kawula gusti | abdi dalêm katong | ing Madiun kang ngungsi sagunge | ingkang lajêng wisma Pajang gusti | lan nuwun kintèki | pintên cacahipun ||

22. sadayane kawrata ing tulis | gunging wadya katong | lan paringa ulun utusane | para ingkang ngaturna ing benjing | saèsthining galih | dhawuha mring ulun ||

23. titi Panêmbahan ngandika ris | mring Adisari lon | sira nini matura dèn age | marang atmajèng sun Senapati | dèn pracayèng galih | nora nêdya ingsun ||

24. yèn mungsuha mring gustimu nini | myang bang wetan kang wong | nêdya mungsuh ing Mataram têmbe | iya iku karêpe pribadi | ingsun datan uning | prayoja wong agung ||

25. atur sêmbah Ni Mbok Adisari | manawi sang katong | Senapati Ngalaga têtakèn | mring kawula manawa tiniti | paduka abaris | lawan botênipun ||

26. kadospundi tur kula mring gusti | ngandika sang katong | lah matura ingsun baris kiye | jagani wong wetan yèn nyidrani | aku nora ngimpi | mungsuha Matarum ||

27. ôndhamoi bubarna [bu...]

--- 14 ---

[...barna] dèn aglis | sagung baris ingong | kang sinung ngling ngundhangi wadyane | bubarakên sagung ingkang baris | wong Madiun aglis | kukut barisipun ||

28. Adisara nulya matur malih | gusti jêng sang katong | bokmanawi kêmba panggalihe | abdi paduka pun Senapati | dene tan mangsuli | amawi suratun ||

29. Panêmbahan angandika aris | matura dèn gupoh | nora ingsun wangsuli surate | apakewuh mring wong wetan sami | sira Adisari | tandya dènnya matur ||

30. prayogine nênggih ta puniki | kêkoloh sang katong | kaparingna mring putranta rajèng | Panêmbahan panuju ing galih | tandya dèn wisuhi | padanya sang prabu ||

31. Adisara sigra anampani | kang toya kêkoloh | winadhahan bokor kancanane | Panêmbahan angandika aris | matura dèn bêcik | marang sutèng ulun ||

32. dipun ngandêl marang jênêng mami | nora milu ingong | wong bang wetan pan karêpe dhewe | datan rêmbug lawan jênêng mami | wis muliha aglis | salam donganingsun ||

33. amit nêmbah Rêtna Adisari | lèngsèr ngarsa katong | langkung trustha mèsêm jroning tyase | gya lumampah têkapirèng jawi | wus manitih joli | lumakya mandulur ||

34. dadya tingalan samargi-margi | Disara ngling alon | eling-eling wong Madiun kabèh | dipun enak dèn prayitnèng ati | tan wurung nêmahi | bêdhahing Madiun ||

35. giwangkara pan sampun tumiling | lampahira alon | rangu-rangu Disara lampahe | sêmu runtik dènnya tanpa tulis | kang kolohan nuli | binuwang marga gung ||

36. kang kocapa narendra Matawis | ri sêdhêngnya miyos | siniwaka nèng pasanggrahane | pêpak sagung kang para dipati | ngriku kang winarni | Adisara

--- 15 ---

rawuh ||

37. gya ingawe dhumatêng sang aji | gya umarêk gupoh | kang sinuwun alon timbalane | abageya Adisara prapti | apa olèh kardi | iya ing lakumu ||

38. Adisara umatur wotsari | barkah dalêm katong | wus umatur ing kala purwane | duk sang nata bubarakên baris | myang kalanèng margi | bucal kolohipun ||

39. sri narendra trustha jroning galih | myarsa kang wiraos | Adisara kinuswa êmbune | langkung tarimanira sang aji | mring Bok Adisari | kasmaran ing atur ||

17. Asmaradana

1. Ki Môndaraka Dipati | umatur dhatêng kang putra | paran karsanta sang katong | sri narendra angandika | ing dintên Kêmis ngarsa | manira arsa prang pupuh | rumusak tandhing gunastra ||

2. upamanira pêrjanji | yèn wong wetan kongsi nabrang | ulun pagas pêdhang mangke | mèsêm matur ki dipatya | sampun kadya mangkana | ngagêngkên ambêk têkabur | yèn ugi wignya nabranga ||

3. satêmah manira benjing | darbe ratu pêpagasan | jêng narpa sangêt dukane | kang asta angawês sêga | uwa dika kèndêla | sigra binucal kang sêkul | rinêbat srênggala gangsal ||

4. kinêrêk tanpa tyas rêmpit | malah kalah siyungira | adipati ngling driyane | yèn tan linilan ing Suksma | Ki Lurah ing Mataram | sapa tandhing ing prang pupuh | yèn duka lagya kawangwang ||

5. glising carita wus prapti | ing dina Kêmis samana | wong Mataram datan kabèh | sangkêp kapraboning yuda | sang nata angandika | sakèhe gêgaman agung | padha kèndêla kewala ||

6. sun arsa tindak pribadi | lan sakèhe wong prawira | bupati lawan mantrine |

--- 16 ---

iku kang milu maringwang | sami nungganga kuda | sarta lan gêgamanipun | kang samya prayitnèng baya ||

7. sang nata sigra anitih | kuda nênggih wastanira | puspakêndhana kinaot | ulêse sêkar cêpaka | sakathahe prawira | kêkêmpalan kalih taun | ingkang tan dhèrèk sang nata ||

8. tan adangu nulya prapti | gèn barisan Panaraga | winêton saking kidule | ananging rada kawuntat | Panêmbahan tumingal | wong Panaraga pan agung | kalangkung suka sang nata ||

9. angling jêng narpa ningali | rara ayu pinaesan | Panaraga tata kabèh | ya ta nuli tinêrajang | Panêmbahan Ngalaga | sawadyanira kang ngamuk | wong Panaraga puyêngan ||

10. nora kobêr anglawani | apan sampun linêbêtan | tanbuh mungsuh lan rowange | dipatine wus lumajar | kalawan mantrinira | wong cilik akèh mêmisuh | wong Madiun pinisuhan ||

11. pagene Madiun nênggih | tan ana mêtu ing yuda | pan saking kono purwane | mila wong bang wetan prapta | ingajak anggêcaka | marang wong Mataram iku | purwane anata yuda ||

12. mêngko têka ngapirani | nora ana nulungana | têmah mêngko ingong dhewe | Natèng Ngalaga miyarsa | wuwuse wong Panagra | garjita ing galihipun | amicarèng jroning driya ||

13. kalingane prakarèki | têka Madiun purwanya | alah iya sapa wite | wong ala winalês ala | arêbut panjênêngan | pan ingsun darma lumaku | Hyang Suksma Murba Misesa ||

14. ya ta kasaput ing latri | wong Panaraga wus bubar | angungsi

--- 17 ---

marang kuthane | apan sampun inêb lawang | sang nata ing Mataram | sawadyanya sampun mundur | mantuk dhatêng pasanggrahan ||

15. ya ta kawarnaa enjing | wong agung wetan atata | arsa angantêp jurite | bupatine wus siyaga | gon-anggon warna-warna | punggawa wus sami kumpul | prasamya nata gêgaman ||

16. wadyabala sami wani | samya têguh-têguh tatag | pan tinumbak mlenge bae | wênèh kang binêdhil latah | ingkang winadung mêndat | ingkang tinatah malusud | yèn sinuduk angujiwat ||

17. gêgaman lir gunung gêni | kadi wana kawêlagar | lamun tinon ganderane | awarna-warna cirinya | lêlayonira amyang | umbul-umbul lir kêkuwung | angèbêki ara-ara ||

18. têngara tinêmbang muni | kêndhang gong bèri magubyar | gumêr gumuruh swarane | bêndhe angungkung nèng tawang | sri tinon sing mandrawa | alas agêng pan barubuh | ingambah gunging gêgaman ||

19. kocapa Rajèng Matawis | sampun ngaturan uninga | yèn wong wetan budhal kabèh | sang nata aris ngandika | lah uwa Môndaraka | andika nata wadya gung | saprênahe sowong-sowangsowang-sowang ||

20. iya dhimas Singasari | dadia pangawat kiwa | si adhi Pathi rowange | kalawan wong Kalinyamat | wong Dêmak nyambungana | si adhi Pajang puniku | kalawan wong Jagaraga ||

21. milu dhimas Mangkubumi | dadia pangawat kanan | Kajoran mèlua kabèh | marang uwa Môndaraka | dadia pagunungan | pan sarwi têngara ingsun | anindhihana gêgaman [gê...]

--- 18 ---

[...gaman] ||

22. Môndaraka matur aris | dhumatêng sri naranata | kadipundi karsa katong | andika anindhihana | gêgaman agêng ika | Panêmbahan ngandika rum | uwa ing karsa manira ||

23. anyidra ing lampah mami | angirit wong jêjaranan | mung kalih atus kathahe | uwa kang tumut manira | ingkang sami prawira | gon sun tan kêna tinangguh | sakarsa-karsa manira ||

24. sampun rampung dènnya mêling | Panêmbahan ing Ngalaga | sigra anitih kudane | kang wasta puspa kêncana | ulês sêkar cêpaka | Môndaraka atut pungkur | tan têbih lawan kang putra ||

25. sakathahe pra prajurit | rong atus anitih kuda | andhèrèk dhatêng sang katong | sang nata pan sampun tindak | karsanira anyabrang | datan kawarna ing ênu | samana pan sampun nyabrang ||

26. Môndaraka ngandika ris | mring sakèhe pra dipatya | lah nêdha tataa kabèh | anglampahi ing parentah- | ira kangjêng narendra | yèn muni têngaranipun | pêkênira wus atata ||

27. padha angrakita baris | ing prênahe sowang-sowang | Môndaraka sigra bêndhe | ki bicak munya angangkang | wong Mataram miyarsa | gêgaman samya alaju | surak lir nungkêp ngakasa ||

28. wong agung wetan ningali | yèn wong Mataram anabrang | saha têngaraa age | ya ta gêgaman sumahap | amapag wong Mataram | ya ta anulia campuh | prasamya bèr kasêntikan ||

29. arame asilih-ungkih | surake karêngèng wiyat | barêng sunapan ungêle | swarane

--- 19 ---

lir gêlap sasra | kalataka barungan | yèn tinon lir ardi rubuh | pindha gêlap môngsa nawa ||

30. kokaping katri nglimputi | pêtêng madyanirèng aprang | lir têngah latri pêtênge | tanbuh mungsuh lawan rowang | Panêmbahan tumingal | ingkang aprang pan wus kuwur | ing ngriku nulya narajang ||

31. prajurit dyi kopang sami | sigra nyamêthi turôngga | angering panêrajange | pyaywagung setan wus umyat | yèn Sang Nata Mataram | mijil kiwa saking kidul | wong dwi atus prajuritnya ||

32. kang pra dipati samya ngling | iya wong batur ke sapa | mêtu kidul kuda akèh | dene kulambi tambalan | mèmpêr Ki Senapatya | janma wetan kabèh wus wruh | lamun Senapati Nglaga ||

33. gêgaman sagung binalik | ngarêpkên Natèng Mataram | têmpuh sami prawirane | pyaywagung wetan sadaya | nênggih kang dadya dhadha | mêksih sami aprang pupuh | kang nèng wuri ngingêr wastra ||

34. jêng sinuwun ing Matawis | myang sawadyane prasamya | sigra anarajang kabèh | anglambung saking ngiringan | nalika katadhahan | wong rong atus barêng ngamuk | samana karoban lawan ||

35. solahe wadya Matawis | lir arimba amamôngsa | apindha banthèng kataton | amatang nuduk myang mêdhang | anging karoban lawan | sagung tumbak kathah putung | wuru ngamuk lan curiga ||

36. Kangjêng Narpati pun byuki | samya kinarubut aprang | sinosog ganjur arèntèp | tinowok utawa panah | dèn bêdhil binrangkolan | sinuligi myang tinulup | sang nata wus tan katingal ||

37. ing galih

--- 20 ---

sri narapati | sangsaya tan mundur ing ing prangLebih satu suku kata: sangsaya tan mundur ing prang | suka pirêna kalbune | Kyai Môndaraka umyat | dhumatêng kang atmaja | yèn sang prabu kinarubut | paningale sêmu sayah ||

38. Kyai Môndaraka aglis | têtulung sigra narajang | pan amung têmbung gamane | sakathahe kang gêgaman | sinabêt samya tatas | landhehane kathah rêmpu | wong wetan kathah puyêngan ||

39. sadaya gawok ningali | dhumatêng Kyai Môndraka | ebat dene kasêktène | miwah Sang Nata Ngalaga | tan na braja tumama | tuhu yèn ratu pinunjul | digdaya sawadyanira ||

40. wong wetan kathah kang mati | gègèripun apuyêngan | bupatine mlayu kabèh | sikêp ingkang anèng ngarsa | prasamya rêbat gêsang | wong Mataram samya grêgut | wong brang wetan kathetheran ||

41. kathah mati tanpa kanin | lumayu pêdhot kang napas | salang-tunjang gênti ênggon | wong wetan pan sampun sirna | sakèrine kang pêjah | sadaya sami lumayu | mring nagara sowang-sowang ||

42. ing brang wetan kang prajurit | tanpa wilangan kang pêjah | gantya ingkang winiraos | kang sinuhun ing Mataram | ginrêbêg gunging wadya | arsa gêpuk ing Madiun | apan maksih nitih kuda ||

43. Môndaraka nabda aris | hèh sang nata kudanira | sun tingali pasêmone | kaya jaran wus pralena | tan dangu kapal pêjah | Panêmbahan ngandika rum | dahwèn uwa Môndaraka ||

44. sayêktine uwa inggih | pêjahe turangganingwang | nênggih dawêg lingsir kilèn | urip ngajêngakên asar | Ki Môndaraka nabda | sayêktose

--- 21 ---

ujar ingsun | ora lena uga pêjah ||

45. sang nata gya mundhut salin | kuda aran bratayuda | sêmbada agêng luhure | jêng sultan aris ngandika | mring wadya ing Mataram | layak nagri ing Madiun | sira padha obongana ||

46. apan iku witing kardi | lamun bôngga patènana | jarahên kêbo sapine | wong Mataram wus tumandang | kabèh samya rinayah | binoyongan èstrinipun | ingkang bôngga pinêjahan ||

47. wong Madiun aningali | polahipun wong Mataram | nora anyana atine | lamun Madiun rinusak | dene ta sampun eca | pêpadone duk rumuhun | mêngko têmah tan mangkana ||

48. sakèhe wong desa sami | lumayu angungsi kutha | wong Mataram wuru kabèh | kang kacandhak pinêjahan | wong cilik kang lumajar | wênèh angungsi mring gunung | nahan ingkang kawuwusa ||

49. Pangeran Madiun nênggih | sampun ngaturan uninga | yèn wong cilik wus binoyong | ingkang bôngga pinatenan | Panêmbahan anjola | ing kalbu langkung gêgêtun | lir sinambêr pêksi nila ||

18. Dhandhanggula

1. Panêmbahan Madiun nabda ris | datan nyana dèn suk wong Mataram | têka mangkene dadine | wong ing Mataram iku | sun arani wisa martani | marma wantêr kewala | wisa paminipun | Panêmbahan lon ngandika | mring garwane tanapi pra putra sami | ge padha adandana ||

2. Panêmbahan putrane mung kalih | pambajênge rêtna ayu endah | Rêtna Dumilah namane | Mas Lonthang ingkang jalu | karsanira sri narapati |

--- 22 ---

putra èstri tinilar | anèng jro kadhatun | lah nini sira kèria | apan sira ingkang rinêbut ing jurit | marang Ki Senapatya ||

3. wus pantêse wong bêdhah nagari | antuk boyongan jarah barana | kang kalah kêna putrine | lah kèria nak ingsun | tunggonana kuthamu nini | wong dalêm kang saduman | tunggua sirèku | kang putra nangis kêlara | sêsambate sang rêtna yu amlasasih | niba nuli kantaka ||

4. ingkang ibu sarêng samya nangis | nora bisa pisah lawan sira | kalara-lara tangise | dhuh nyawa putraningsun | kayaparan ta sira nini | tinilar ibu rama | wong dalêm gumuruh | pan sami wuyang-wuyungan | kang sawênèh ana kang niba ing siti | wênèhana gulungan ||

5. apuyêngan wong sadalêm puri | bilulungan sangêt ajrihira | sang nata angrês driyane | angling mring garwanipun | lah ta payo dandana sami | apan ta putranira | srahêna Hyang Agung | kang garwa nangis kalara | ingkang putra Rêtna Dumilah anjêrit | sangêt dènnya kantaka ||

6. Panêmbahan Madiun mêmêling | mring parêkan ingkang têngga putra | lah ta bocah wadon mêngko | kang tunggu putraningsun | lah ta iki kêris dèn bêcik | aturna gustinira | ing sapungkur ingsun | wis pêsthi wasiyat ingwang | si gumarang turna yèn gustimu osik | kêris têtilar ingwang ||

7. sampun lolos wau sri bupati | pan kasêsa ing obong-obongan | saya acêlak gênine | mantri rêbut dêlanggung | palayune aniba tangi | angungsi ing brang wetan | wênèh ngungsi gunung | sang nata palayunira [palayu...]

--- 23 ---

[...nira] | ngalor ngetan Wirasaba kang dèn jogi | kalawan garwanira ||

8. Ki Mas Lonthang wau dènnya ngili | Surabaya ciptanirèng driya | mantrine tanbuh parane | samya arêbut dhuwung | kawuwusa wau kang kèri | Dèwi Rêtna Dumilah | putri ing Madiun | sawungunira kantaka | kang wasiyat kêris wus katur sang dèwi | nulya angèsthi pêjah ||

9. sampun prapta dêdamêl Matawis | kitha Madiun sampun kinêpang | pan sampun katur wartine | Panêmbahan Madiun | sampun lolos tilar nagari | kantun putra wanodya | anèng jro kadhatun | Natèng Nglaga langkung trustha | linêbêtan jron pura sang dyah ningali | mring kangjêng sri narendra ||

10. ciptanira sang dyah jroning galih | Senapati nulya pinasangan | aglis cinandhak kêstule | Panêmbahan kinêstul | kalêrêsan jajanya kêni | nanging datan tumama | mèsêm sarwi ngungrum | sang dyah anyandhak talêmpak | tinarajang sang nata datan gumingsir | èsmu merang sang rêtna ||

11. ngriku malah patahe sang dèwi | ya ta minggah dhatêng pasarean | gya têdhak narik dhuwunge | gumarang wastanipun | Panêmbahan sampun udani | smu mênggah panggalihnya | rinaos ing kalbu | lah iki agawe rôndha | lamun sisip datan wande bilaèni | sultan ngunadikanya ||

12. ciptanira sang dyah jroning galih | baya sira datan sida boja | ya mêngko pêsthi patine | sun larihi katgèngsun | sultaning prang alênggah nuli | nèng madyaning wiwara | ngriku sarwi ngungrum | anênggih pan radi cêlak | rêmih-rêmih sabdanira pait gêndhis | sultan sarwi prayitna ||

13. angandika Kangjêng

--- 24 ---

Senapati | dhuh kusuma kawula anêdha | pangapuraning sang sinom | akathah sisipipun | dhuh mas mirah sang liring ratih | abdine tan anêbda | ngrusak ing Madiun | pan saking tiyang andika | wong Mataram tan kêna sun parentahi | têka padha ngrêrayah ||

14. saking awon tiyang ing Matawis | gustiningsun sang liring kusuma | ingsun nglakoni ukume | sakarsaning wong ayu | pan kawula ingkang dhadhani | suka dèn pêjahana | ing sariraningsun | lah gusti cipta kawula | namung dika kang sun rêbut ing ajurit | ingsun tahitohi kunarpa ||

15. suka manira têka ing pati | saking datan aliyaning driya | namung mirah gustiningong | musthikaning Madiun | lah abdine pun Senapati | apuranên mas mirah | saking sisip ulun | nagara Madiun rusak | saking ingsun tan kèdhêp amarentahi | marang wong ing Mataram ||

16. suka lila gih pun Senapati | lamun sira ingkang matènana | gusti mirah gèn sun ngèngèr | lir Dèwi Ratih tumrun | dhuh gustine pun Senapati | sun rasa nora larang | yèn tohana marus | kuninge asor parada | apan namung èsême akarya brangti | dhuh gustine pun kakang ||

17. têka anglês galihe sang dèwi | dene wau sang dyah duk miyarsa | pangandikane sang rajèng | êmar salira lêsu | kadya kênèng sumbaga dhêsthi | kadi tan darbe jiwa | nyêpêng dhuwung runtuh | jêng narpa sampun uninga | yèn sang putri gènira anyêpêng kêris | ing mangke sampun dhawah ||

18. Panêmbahan sigra amurugi | wus cinandhak dhuwungnya tumulya | sinarungakên wrangkane | ingagêm dhuwung sampun |

--- 25 ---

sang rêtna yu nulya sinandhing | tansah winawang-wangwang | adhuh gustiningsun | kawulane datan nyana | yèn andika asih marang awak mami | marga saking curiga ||

19. lah ing mangke dhuwungira gusti | sun arani ya Kyai Gupita | dene punika purwane | sira asih maring sun | nanging sang dyah datan nauri | maksih mêngêng tumingal | tyasira gêgêtun | ping kalih sampun karasa | ing rusake nagara Madiun iki | kesahe ingkang rama ||

20. sri narendra tansah ngarih-arih | pan adangu dènnya angrêrêpa | datan nyana mirah ingong | yèn dadya aprang pupuh | wong bang wetan karêpe sami | dadya ngrusak nagara | wong Mataram bingung | datan gugu ing parentah | sakathahe dosèngsun manira yayi | sun minta pangaksama ||

21. sang rêtna yu wus lêjar ing galih | mirsa ngandikanira sang nata | anulya wau sang rajèng | kang wa ngaturan gupuh | Adipati Môndraka aglis | malêbêt ing jro pura | pra santana kantun | samya anèng pagêlaran | lawan sagung punggawa wadya Matawis | Dipati Môndaraka ||

22. sampun prapta ngarsane sang aji | Panêmbahan alon angandika | wa Môndaraka dèn age | nênggih putri Madiun | badhe kula ningkah tumuli | kang uwa aturira | kawula jumurung | inggih kalangkung prayoga | gya nimbali pangulu kêtibKurang tiga suku kata: gya nimbali ngulama pangulu kêtib | sampun ningkah sang nata ||

23. wus sumurup mau sang hyang rawi | pra sêntana lawan wadyabala | wus sami atata manggèn | padha prayitnèng kewuh | ya ta wau sri narapati | pinarak lan kang garwa | pan tansah ingungrum | adhuh gusti mirah ingwang | kang sun têdha wong ayu tulusa asih | gusti dhatêng pun kakang ||

--- 26 ---

24. sang rêtna yu mèsêm sarwi angling | kari siji pêpanggil manira | Senapati aywa kagèt | ingsun ngagêm panyukur | ing sajrone apulangrêsmi | yèn tan busik myang babak | tuhu guruningsun | tandya sang rêtna ingaras | sri narendra tan darona dening galih | gya pinondhong sang rêtna ||

25. binêkta minggihminggah mring jinêm-wangi | apêpanggil panyukur sang rêtna | alandhêp waja ginawe | gya tinamakkên wau | kang panyukur dadya gulali | pratôndha yèn tinêkan | kakung sang dyah ayu | apan wus tan darbe jiwa | wus sumarah sumôngga karsaning laki | gya sampun ing asmara ||

26. tan kawarna solahe kang rêsmi | wus anunggil rasa kalihira | kalangkung sami asihe | samana kang sinuhun | nèng Madiun pan sampun lami | tansah among asmara | anutugi kayun | wong Madiun ingkang kentar | samya ngili kathah mantuk mring nagari | samya eca tyasira ||

27. ya ta wau kawarnaa enjing | sri narendra miyos siniwaka | pêpak para mantri kabèh | bupati lan tumênggung | nèng paglaran jêjêl anangkil | miwah para sêntana | andhèr munggèng ngayun | myang Dipati Môndaraka | atanapi ta wau Pathi Dipati | nênggih darbe pangrasa ||

28. aningali kang raka narpati | dene sanès warna lir sabênnya | kadya pangantèn sêmune | amicorèng ing kalbu | kaya ngapa sri narapati | datan arsa bubaran | lawas nèng Madiun | iya kang salira krama | ingsun iki nora anggawa pawèstri | pêsthi yèn ora bêtah ||

29. sigra pamit Adipati Pathi | pan kawula kakang nuwun duka | sampeyan lilani mulèh | ing Pathi wontên mungsuh | wingi sontên utusan prapti | angaturi [anga...]

--- 27 ---

[...turi] uninga | pun bojo ingutus | kawula kinèn mantuka | lah ing mangke ulun pan anuwun pamit | wangsul dhatêng Santênan ||

30. kangjêng sultan angandika aris | ya yèn kêna yayi pêkênira | aja age sira mulèh | yèn ing Pathi na mungsuh | aku dhewe ingkang nadhahi | Adipati Santênan | mêksa kudu mantuk | inggih paduka narendra | kenging botên lun nuwun mantuk mring Pathi | ngandika lon jêng sultan ||

31. alah iya karsanira adhi | lamun sira tan kêna sun eman | kadêrêng yun arsa mulèh | dipati pamit sampun | sigra budhal andhêdhêr runtik | lawan enggal-enggalan | kang anèng Madiun | ngriku Kangjêng Panêmbahan | angandika mring sagung para bupati | wusdene mring kang uwa ||

32. wruhanamu ya adhi mas Pathi | arsa balik amungsuh Mataram | Ki Môndaraka ature | dèn ta milanipunKurang satu suku kata: dene ta milanipun | jêngandika wastani balik | sang nata angandika | takdiring Hyang Agung | wus tan kêna winicara | lah ya mêngko ingsun arsa anglurugi | ing nagri Pasuruan ||

33. gih wa dika bubarkên dèn aglis | sagung ingkang wadya ing Mataram | Môndraka gya mukul bêndhe | wong Mataram prapta wus | amiranti astraning jurit | sigra tan dangu budhal | golong lampahipun | sajuru-juru atata | kangjêng sultan nèng wurine para mantri | asri yèn tiningalan ||

34. lah ing ngriku ing marga wus prapti | Pasuruan lajêng masanggrahan | gya tinêpungkên barise | anulya tan winuwus | kawarnaa Sang Adipati | Pasuruan rêmbagan | lan mantrine sagung | sêdyane arsa nungkula [nung...]

--- 28 ---

[...kula] | kang kinarya tuladha kala ing nguni | kasore wong brang wetan ||

35. Adipati Pasuruan angling | ya sakèhe para mantriningwang | ing mêngko priye karêpe | wong Mataram prapta gung | arsa ngrusak mring nagri mami | nanging pangrasaningwang | yèn sira yun mêthuk | ya kaya tan bisa mênang | tur dadine kèh susah tine wong cilik | baya angur nungkula ||

38. wontên dipatinipun satunggil | palayon saking nagri Blambangan | awasta Kyai Kênitèn | cumlandhak dènnya matur | kawula gih botên nywawèni | yèn sampeyan nungkula | kula pyambak purun | mungsuh yuda wong Mataram | inggih pundi kapanggih ing Senapati | ulun pan datan ulap ||

39. sagêndhinge kawula tan ajrih | gênti katga madyaning ayuda | ngabêna wulêt kulite | tuwin kantaran bau | silih ungkih kawula wani | amba dipun priksaa | prang kawula besuk | jurunga surak kewala | sakathahe wadya Pasuruan benjing | kawula kang ayuda ||

40. sajêk manira gêsang puniki | dèrèng nate ngraosakên boja | namung nêdha kunir mawon | manawa pan kadya sun | Senapati yêkti kacangking | mustakane dening wang | katura pukulun | pan inggih kawula sêdya | panduk netya lan Senapati Matawis | mangke bêgja dipatya ||

41. Adipati Pasuruan angling | yèn mangkono iya karêpira | ingsun pasrahkên mring kowe | sagunge wadyaningsun | Pasuruan sira ngyasani | apa saprentahira | aku wis nora wruh | Kanitèn nêmbah sandika | dèn pitados paduka nèng dalêm puri | tuwan [tu...]

--- 29 ---

[...wan] dhahara eca ||

42. Ki Kênitèn sigra angundhangi | marang wadya gung ing Pasuruan | dèn padha mranti gamane | iya tontonên ingsun | lawan Senapati Matawis | padha uruna surak | nèng wuri dèn umyung | ja na mèlu lawan yuda | sigra mangkat ngriku kang lagya lumaris | kawarna Panêmbahan ||

43. ingkang lagya tinangkil gung mantri | sadaya kang pra santana pêpak | Môndaraka nèng ngarsane | jêng sultan ngandika rum | lah ta uwa Môndraka mangkin | wusdene wadyaningwang | ja na mèlu ingsun | mung gêgaman dèn tataa | baris agung lawan têngara ing mami | wa dika tindhihana ||

44. wruhanira mungsuhira iki | apan awrat sinôngga ing yuda | nora kêna lênthe-lênthe | uwa pangrasaningsun | yèn sisipa ambêbayani | Ki Môndaraka mojar | matur kang sinuwun | ing mangke kadya punapa | para kadang kalawan ulun puniki | botên dhèrèk paduka ||

45. Kangjêng Panêmbahan ngandika ris | lah ta uwa ing karsa manira | anamur mêthuk mungsuhe | namung wong patang puluh | kang sun ajak dharat prasami | watang cêmêng agêmnya | kulambine wulung | lah ta uwa poma-poma | sampun dika obah anindhihi baris | yèn sun dèrèng kantênan ||

46. sigra mangkat Jêng Sultan Matawis | nitih kuda nênggih wastanira | kyai cêmuris namane | srêngkara ulêsipun | pinanganggyan ingkang turanggi | sultan ngagêm rasukan | myang dhêsthare wulung | paningsêt cêmêng punika | uwusdene nyamping wulung ngrêspatèni | prajurit priyaning rat ||

47. kangjêng sultan sigra mangkat aglis | ginarêbêg wadya catur dasa | prasamya dharat lampahe | ing ngriku gya kapêthuk | lawan [lawa...]

--- 30 ---

[...n] Kyai Kanitèn kadwi | Panêmbahan Ngalaga | Ki Kênitèn muwus | lah sira iki wong apa | angadhangi iya gèn ingsun lumaris | ya êndi Senapatya ||

48. Panêmbahan Ngalaga nabda ris | iki sapa kang anèng ing wuntat | nindhihi gêgaman gêdhe | yaiku gustiningsun | Senapati Rajèng Matawis | ya aku iki lurah | numbak langking ingsun | cacahe mung catur dasa | prasamya sinêlir ingandêl nrang wèsthi | kinèn mapag mring sira ||

49. Kyai Kanitèn alon nauri | suka manahe gumujêng latah | wong apa iki arane | dene mêksa kumingsun | cumanthaka mungsuh mring mami | kowe tan kulak warta | sun prajurit punjul | sira dudu mungsuh ingwang | Senapati pantêse mungsuh sun jurit | lah wis sira mirea ||

50. Kangjêng Panêmbahan ngandika ris | nora gêlêm yèn ingsun oncata | sun iki nglakoni pakon | kinèn mapag yudamu | lamun ingsun durung ngêmasi | datan arsa mundura | Ki Kênitèn laju | ngriku mêksa ingadhangan | nênggih Kyai Kanitèn asru nudingi | lah sira mêngko tiwas ||

51. wus tan kêna wong ginawe bêcik | baya sira bosên anèng dunya | amêksa lawan maring ngong | gung boja kèh tan ayun | Panêmbahan ngandika aris | apa sasêdyanira | tan gumingsir ingsun | saking boting wong ngawula | kang sinêdya praptaa ing lara pati | manira tan suminggah ||

52. Kyai Kanitèn dènira angling | lah ta iya sun ladèni sira | lamun sêdyamu mangkono | ya numbaka maring sun | pilihana jaja lan gigir | yèn kowe tan prêcaya | mara ingsun mungkur | Panêmbahan angandika | ora watak wong Mataram andhisiki | ki dhinginana [dhingina...]

--- 31 ---

[...na] matang ||

53. sigra ngêtab kudanira sami | Kyai Kênitèn anulya numbak | gêbang-ginêbang agêntèn | surak wadya gumuruh | asauran wadya nyuraki | Pasuruan Mataram | samya surak umyung | gênti larih-linarihan | ingkang aprang prasamya wantêre kalih | tur sami prawiranya ||

54. Kyai Kanitèn sigra amusthi | Panêmbahan Ngalaga tinumbak | tan mingsêr saking kudane | pinindho pinitêlu | Panêmbahan datan gumingsir | Kyai Kênitèn sayah | têlas budinipun | dangu gya tumbak-tinumbak | samya cape kalihe ingkang prang tandhing | sabab sami prawira ||

55. wong Mataram surakira anjrit | wong Lumajang nimbangi gumêrah | anglir gurnita swarane | myang kadya gêlap sèwu | bumi bêlah kocak jaladri | Kanitèn numbak sigra | kudane sang prabu | ciptane driya mangkana | sok tibaa ya mêngko sun cêkêl aglis | kapal sigra binuntar ||

56. kalêrêsan sirahing turanggi | tan pasah Kyai Cêmuris nglumba | ambathang mamprung mangilèn | Kênitèn alon asru | aja sira lumayu kaki | enggal sira balia | nolèha playumu | Panêmbahan angandika | hèh Kênitèn jurite anguciwani | kaya wong tan prawira ||

57. têka sira nglarihi turanggi | nulya Panêmbahan ing Ngalaga | winangsulakên kudane | Ki Môndaraka gupuh | anyêgati nyandhak turanggi | ya ta dèn lèrèh uga | wong ika atêguh | paduka têdha mring Suksma | Panêmbahan ing mangke nulya sêsuci | sigra asalat tangat ||

58. anênêdha marang ing Hyang Widhi | jroning salat muga gampangêna | Kanitèn iki gawene | Panêmbahan manêkung | amaladi sêmadi êning |

--- 32 ---

anêgês karsaning Hyang | amurwèng pandulu | sampun padhang tingalira | Panêmbahan wungu dènira ngastuti | ngasta waos tinatap ||

59. hèh Palèrèt sun jaluk samangkin | gawenira sapisan kewala | Kanitèn prihên lumpuhe | wong Pasuruan umyung | surakira mawanti-wanti | Panêmbahan umangsah | sarwi ngêmbat lawung | Kênitèn sigra angucap | baya sira wis ra wani bali maning | tur môngsa amênanga ||

60. Panêmbahan sigra anglarihi | gêgandhune Kênitèn tinumbak | Kênitèn kagyat tibane | ya ta Kênitèn lumpuh | pan ngalosod tan sagêd tangi | sariranira lupa | tan darbe bêbayu | Panêmbahan lon ngandika | hèh Kênitèn apa karêpira mangkin | lah mara tutugêna ||

61. Kênitèn nêbda tan darbe kapti | pamanira wis dadi bêbathang | lah sakarsanira angrèh | yèn namanira jaluk | patènana ingsun puniki | Panêmbahan ngandika | manira tan ayun | amatèni marang sira | Panêmbahan anulya amundhut wajik | èstri babak tur pincang ||

62. tan adangu katur kuda èstri | babak pincang datan mawi lapak | lawan pangon kêndhaline | jêng sultan anêbda rum | lah Kênitèn muliha aglis | marang ing Pasuruan | matura gustimu | apan ta sira wus kalah | Ki Kênitèn nauri ingsun puniki | apa sakarsanira ||

63. wus tinunggangakên kapal èstri | gya lumampah kinèn ngiringêna | wong kawan dasa kathahe | bature kang lumayu | apan ngungsi ing kitha sami | Kênitèn sigra prapta | anèng alun-alun | anulya sira tumingal | nèng ngarsane sira wau sang dipati | sangêt maras ing driya ||

64. Adipati [Adipa...]

--- 33 ---

[...ti] Pasuruan angling | hèh Kanitèn kaya apa sira | têka polahmu mangkene | apa sira wus pangguh | lawan Senapati Matawis | Kanitèn awotsêkar | amba sangêt gêtun | dèrèng panggih Senapatya | pan kasêlak lêlurahe angadhangi | Watang Langking namanya ||

65. dene sanggup kariyin mungkasi | mila kawula lawani yuda | têmahan kawula kawon | adipati amuwus | wruhanira ingkang ngadhangi | lawanira ayuda | Senapati iku | Kênitèn ambuwang tilas | yèn priksaa punika pun Senapati | môngsa amba kawona ||

66. asukua jaja lun lampahi | praptaa lena môngsa mundura | wruha yèn Senapatine | madyanirèng prang pupuh | datan sêdya amba gumingsir | ki dipati ngandika | jêr kwe wong kumênthus | duk prange yèn sira daya | môngsa sira nêmahana dèn sakiti | yêkti sira wus kalah ||

67. ki dipati dukanya tan sipi | gya parentah glis kinèn ngêthoka | Kyai Kênitèn gulune | sigra dènira madung | Ki Kênitèn jangganya aglis | sagung tan na tumama | malah kèh kang putung | gya dipun êsoki timah | cangkêmira Ki Kênitèn wus ngêmasi | ki dipati ngandika ||

68. lah gawanên Kênitèn dèn aglis | aturêna mring Sultan Mataram | lawan saosa suguhe | aturna bêktiningsun | wus dèn eca klami sun iki | tan nêdya sun puruna | mring kangjêng sinuwun | kang pêksyarsa ambêk sura | mêngsah gusti ing mêngko sun wasisani | unjukna mring jêng narpa ||

69. sigra mangkat dutane dipati | jisimira Kênitèn dèn bêkta | lampahe ngriku prapta ge | anèng byantara prabu | ponang duta sigra wotsari | mangkya aturing duta | amba [a...]

--- 34 ---

[...mba] kang sinuwun | ingutus rayi andika | Pasuruan angunjukkên sêgah bêkti | sarwi ngaturkên dhahar ||

70. lan jisimipun Kênitèn Kyai | kaatura ing paduka nata | inggih punika warnine | rayi dalêm sang prabu | tan sumêdya mungsuh sang aji | ing mangke Pasuruan | katura sang prabu | rajabrana jroning kitha | rayi tuwan tan kawasa andarbèni | katur jêng padukendra ||

71. alon ngandika sri narapati | iya sun trima pracayanira | yayi Pasuruan mangke | matura mring gustimu | ala lamun pan arsa mulih | dene wong Pasuruan | mênênga karuhun | apa karêpe wong wetan | dèn turuta aja suwala ing kapti | têka dèn lakonana ||

72. wus tinundhung utusan gya mulih | sampun prapta wus tundhuk gustinya | wus katur saandikane | sinigêg kang winuwus | kawarnaa Natèng Matawis | dhawuh nabuh têngara | arsa budhal kondur | sigra muni kang têngara | budhal kabèh wadyabala ing Matawis | tan kawarna ing marga ||

73. sampun rawuh nagari Matawis | Panêmbahan malêbêt ing pura | wus pinêthuk garwa kabèh | putra saking Madiun | wus kinanthi sang rêtna dèwi | ucapên wadyabala | sadaya wus mantuk | mring wismane sowang-sowang | garwanira prasami mêthuk narpati | nèng kori pawingkingan ||

19. Pangkur

1. ênêngêna ing Mataram | kawarnaa nagri brang wetan nênggih | Mas Lonthang ingkang lumayu | ngungsi ing Surabaya | wus alami pan sampun ingambil mantu | tinanêm anèng ing Pajang | nagari amit pan asri ||

2. ing Kadhiri kawarnaa | kang jumênêng Pangeran Êmas nguni | lami-lami sampun surut | Pangran Êmas punika | ri sampune mangkana ingkang winuwus | dipati ing Surabaya | apan arsa

--- 35 ---

ananêmi ||

3. nagri brang kidul punika | tinanêman saking ing Surawèsthi | pangeran ing Surèngkewuh | kang nanêmi punika | ing Kadhiri ajêjuluk Ratu Jalu | kang anèng nagari Japan | Ki Mas Lonthang kang wêwangi ||

4. nagari ing Wirasaba | Kyai Rôngga Prêmana kang kinardi | miwah Pasuruanipun | pan sampun tinanêman | Ki Tumênggung Kapulungan wastanipun | kang anèng ing Pasuruan | apan kacarita nguni ||

5. anjêjamah samya priya | Kapulungan ingkang kocapa nguni | sampun karta jamanipun | nagara ing brang wetan | ênêngêna kang sampun mêntas tinandur | ya ta wau kawarnaa | nênggih nagari GêdhiriKêdhiri ||

6. wau ingkang kawarnaa | ingkang wasta Senapati Kadhiri | Pagunêman wastanipun | kang aran Saradipa | kang satunggal awasta Kenthol Jajagung | arènipun ragil ika | Kartiwôngsa kang wêwangi ||

7. Senapati angandika | Kartiwôngsa paran budinirèki | iya nagara Matarum | yayi saya angrêda | jaman iki sang ulun pan ingêripun | yèn sun rasa atiningwang | jaman wetan iku atis ||

8. sarta ujaring wirayat | sun miyarsa mêngko saya kapanggih | yèn sira sêmbadèng kayun | yayi sêdya manira | arsa angawula mring Mataram ingsun | sêdyaningsun tilar praja | iya nagara Kadhiri ||

9. lamun ora mangkonoa | nora wurung benjang nagri Matawis | ngalurug mangetan besuk | matur Ki Saradipa | inggih kakang kawula dhatêng tumurut | ing sakarsa jêngandika | datan lênggana ing ati ||

10. Senapati angandika | marenea sira Ki Nayakarti | sira mêngko ingsun utus | marang nagri Mataram | aturêna surat ingsun mring sang prabu | lah ta poma wêkas ingwang [ing...]

--- 36 ---

[...wang] | dèn katur marang sang aji ||

11. ya ta Nayakarti enggal | anampèni sêrat anêmbah amit | Nayakarti lumastantun | ingiring wong sadasa | mêtu jaban kitha aris lampahipun | ya ta wau kawarnaa | ucapên Rajèng Matawis ||

12. ri sêdhêng sawêg sineba | para mantrinira samya anangkil | miwah santana tumênggung | sadaya samya seba | Adipati Môndaraka anèng ngayun | lan Dipati Singasêkar | Adipati Mangkubumi ||

13. Panêmbahan ing Mataram | putranira sasonga kang winilis | putra-putri tan winuwus | putra jalu kewala | apêpitu kang arsa jinunjung lungguh | sang nata alon ngandika | uwa Môndaraka mangkin ||

14. undhangêna wong Mataram | lamun putraningsun Ki Juru iki | ing mêngko sun junjung lungguh | Dipati Pusêr rannya | dene putraningsun Mas Damar puniku | nama Dipati Juminah | Mas Gathot ingsun paringi ||

15. Pangeran Wiramênggala | dene putraningsun Mas Jolang nênggih | iya ingsun junjung lungguh | nama Pangran Dipatya | putraningsun Ki Mas Bathothot puniku | ran Dipati Jagaraga | Mas Bagus ingsun paringi ||

16. ran Dipati Têpasona | Ki Mas Gawat Pringgalaya kang nami | sadaya sami mituhu | kantun kalih kang putra | Mas Têmbaga kalawan Ki Mas Kadhawung | kang dèrèng jinunjung lênggah | apan maksih timur sami ||

17. manêmbah Ki Môndaraka | mring kang putra Kangjêng Sri Narapati | putra paduka sang prabu | nênggih Jaka Umbaran | ingkang kinèn atapa Gêbyogan Sèwu | sêdhêng mangke tinimbalan | dene ta sampun alami ||

18. Panêmbahan angandika | inggih uwa dene langkung prayogi | gya nimbali gandhèk gupuh | wus prapta ing byantara | hèh ta gandhèk timbalana putraningsun [putra...]

--- 37 ---

[...ningsun] | iya Ki Jaka Umbaran | nèng Gêbyogan Sèwu nguni ||

19. gandhèk tur sêmbah gya mêsat | tan kawarna ing marga sampun prapti | nênggih ing Gêbyogan Sèwu | wus panggih Dyan Umbaran | gandhèk matur dhawuhkên timbalan prabu | radèn paduka ngandikan | mring ramanta sri bupati ||

20. rahadèn matur sandika | sigra mangkat datan kawarnèng margi | kêbat lampahe wus rawuh | wau nagri Mataram | sampun katur mring nata ngandikan gupuh | wus prapta ngarsaning rama | majêng ngaraspadèng aji ||

21. sang nata angrangkul jôngga | onêng ingkang putra lami tan panggih | wus mundur ngarsaning prabu | bukuh nèng ngarsa nata | Panêmbahan ngandika bageya kulup | sampun kapatêdhan nama | juluk Pangran Purbaya di ||

22. sang nata langkung sihira | sampun kinèn nunggil pra putra sami | ing ngriku datan winuwus | Kadhiri kang utusan | Nayakarti samana pan sampun rawuh | anèng nagari Mataram | arsa ngaturakên tulis ||

23. sampun katur ing sang nata | lamun wontên utusan ingkang prapti | Senapati ingkang ngutus | ing Kadhiri punika | ingandikan duta wau nulya sampun | ing ngarsanira jêng narpa | Nayakarti awotsari ||

24. Panêmbahan lon ngandika | sapa aranira utusan prapti | kinongkon pa mring gustimu | dene Ki Senapatya | gya Ki Naya manêmbah sigra umatur | wasta kawula sang nata | anênggih pun Nayakarti ||

25. kawula ingutus marang | abdi dalêm inggih pun Senapati | sêmbah bêktinipun katur | kalawan kang nawala | kaatura dhatêng kangjêng sang aprabu | kang surat sampun tinampan | winaos sinuksmèng galih ||

26. mangkana ungêling surat | pan kawula ngaturkên [ngatur...]

--- 38 ---

[...kên] sêmbah bêkti | kunjuka ingkang sinuwun | jumênêng ing Mataram | ingkang angsal kanugrahaning Hyang Agung | kalawan ingkang supangat | kangjêng nabi kang sinêlir ||

27. ingkang lagya angsal brêkah | para wali sumare tanah Jawi | kêsawaban ing lêluwur | pinanjangna kang yuswa | ri sampune kang kadya punika ulun | ing mangke atur kawula | yèn marêngi karsa aji ||

28. kang abdi arsa nyuwita | ing paduka suka dados pakathik | yèn karsa ingkang sinuwun | dhumatêng sariramba | pêjah gêsang sumôngga karsa sang prabu | kang abdi datan suminggah | karsa dalêm anglampahi ||

29. sangêt ing panêdha amba | saking kêdah angabdi paduka ji | ing saturun-turun ulun | mugi kaabdèkêna | pan umadhêp sumanggêm karsa sang prabu | sakathahe lêpat amba | nuwun pangapuntên gusti ||

30. wus titi ungêling sêrat | saèsthining driya wus kawrat tulis | ya ta mèsêm sang aprabu | myarsa ungêling nwala | pan tansaya sang nata sukaning kalbu | Senapati angrêrêpa | sang nata ngandika aris ||

31. Nayakarti sun tarima | pracayane putrèngsun Senapati | kaliwat ingsun jumurung | andonga ing Pangeran | muga tinêtêpna ya ing imanipun | olèha rêp duwe bapa | maring ingsun atma mami ||

32. nanging dipun sarèhêna | yèn marêngi Mukharam ingkang sasi | pan ingsun kongkonan mêthuk | sutèngsun sudhiyaa | wus ginanjar Nayakarti kampuh dhuwung | rasukan lawan calana | pinaringan sangu margi ||

33. sang nata aris ngandika | lah ta uwis muliha Nayakarti | iya age surat ingsun | sungêna putraningwang | sigra nêmbah Nayakarti nulya mundur | lampahira gêgancingangêgancangan | datan kawarna ing

--- 39 ---

margi ||

34. ing Kadhiri sampun prapta | nulya marêk dhatêng Ki Senapati | malêbu pan sampun katur | myang surate sang nata | wus tinampan marang Senapati gupuh | wus winaos ingkang sêrat | mangkana ungêling tulis ||

35. pèngêt iki layang ingwang | tumêkaa putrèngsun Senapati | iya salam donganingsun | têkaa marang sira | kapindhone sira tur surat maring sun | ya wis têka marang ingwang | sarta wus sun apriksani ||

36. iya saunining layang | apan bangêt lêgane galih mami | sira arsa mring Matarum | arêp angaku bapa | mring manira sun andonga mring Hyang Agung | mugyantuk kakang supangat | kangjêng nabi kang sinêlir ||

37. pinanjangna ingkang yuswa | tinêtêpna ing iman kang sayêkti | iya jêbèng jangjiningsun | benjang ing sasi Sura | ingsun pêthuk sira ing gêgaman agung | anuli sira mangkata | kalamun sira sayêkti ||

38. wus brastha ungêling surat | suraosing manah kawrat ing tulis | Senapati nulya dhêku | kalangkung sukanira | pangrasane kadya pan sampun katêmu | klayan sang Rajèng Mataram | sangêt sukanirèng galih ||

39. lah ing ngriku kawarnaa | ing Mataram kang winursitèng nguni | wus prapta ubayanipun | nênggih wulan purnama | Panêmbahan suwarèng ing wadyanipun | kinèn amêpak gêgaman | sang nata miyos tinangkil ||

40. pêpak wadya kang sewaka | angandika kangjêng sri narapati | Wiramênggala sun utus | sira ngirida lampah | amapaga mring Senapati lakumu | Si Tumênggung Alap-alap | iku sun gawe surati ||

41. hèh Alap-alap ta sira | ngêmbanana marang ing putra mami | iya bênêr luput ingsun | sira kang mrayogakna | lan sakèhe mantri

--- 40 ---

pamajêgan ingsun | lah padha sira mèlua | wong Kajoran ja na kèri ||

42. lan wong Pajang Jagaraga | kalawan wong Dêmak ingsun kon kari | mring lakuning putraningsun | nanging ta wêkas ingwang | lamun èstu Senapati lamun cundhuk | Si Tumênggung Alap-alap | bêdhaha ing Ngrawa benjing ||

43. yèn Ngrawa iya wis bêdhah | boyongana aja na ingkang kèri | wêlinge nata wus rampung | ya ta kinèn lumampah | samya nêmbah anulya budhalan sampun | datan kawarna ing marga | ing Madiun nulya baris ||

44. Ratu Jalu kawarnaa | wus ngaturan uning wong ing Matawis | prapta nagri ing Madiun | Ratu Jalu utusan | dhatêng Surabaya arsa angsung wêruh | yèn wong Mataram wus prapta | arsa gêcak ing Kadhiri ||

45. ing Japan lan Wirasaba | Pasuruan Malang prasamya cawis | miwah ing Lumajang iku | lawan ing Kartasona | kawarnaa wong Mataram sampun rawuh | amondhok ing Kartasona | salèr kilèn ing Kadhiri ||

46. mujur mangidul barisnya | malah tutug kidul kulon Kadhiri | ing Pakusèn wastanipun | prasamya angrêrayah | wong padesan samya ngungsi kutha sampun | kêbo sapi pinêndhêtan | wong desa prasamya ngili ||

47. Ratu Jalu sinewaka | wus andhêndhêng gêgamaning ajurit | para mantrine akumpul | pêpak anèng paseban | namung Senapati ingkang datan rawuh | sayadane lagya lara | pracaya marang kang rayi ||

48. kang awasta Saradipa | ingkang kinèn saos ngarsaning aji | Saradipa anèng ngayun- | ira sri naranata | pan ajajar lawan para mantri agung | Ratu Jalu angandika | kakangira anèng ngêndi ||

49. Senapati nora seba | Saradipa matur saha wotsari | inggih sangêt [sangê...]

--- 41 ---

[...t] sakitipun | pun kakang Senapatya | pan kawula kinèn sowan mring sang prabu | anyadhong karsa narendra | pun kakang pracayèng kami ||

50. Ratu Jalu angandika | iya lamun kakangira asakit | mêngko sira ingsun tuduh | sira ngirida wadya | amapaga wong Mataram yudanipun | anuli sira mangkata | angirida wong Kadhiri ||

51. lamun sira ngêntènana | ing praptane suruhanira sami | wong Surabaya puniku | sayêktine alawas | atêmahan sira dhewe ingkang lêbur | lah age sira mangkata | ingkang kinon awotsari ||

52. têngara lamun wus budhal | tiningalan kadya yangyanging tulis | nagari lèr dèrèng rawuh | mung Sarêngat Balitar | Malang Ngrawa ing ngriku kang urun bantu | gêgaman gêng kang lumampah | katingal wadya Matawis ||

53. wus panduk gya yun-ayunan | Saradipa ingkang minôngka tindhih | katawaning anèng ngayun | wong Mataram umiyat | lamun wong ing Kadhiri prasamya rawuh | wong Mataram winangsitan | aja na wong kang nêmêni ||

54. gya campuh kang ponang yuda | wong Kadhiri ingkang ambêdhil dhisik | nanging Saradipa wau | kabèh sawadyanira | dènnya bêdhil ingarêpakên mandhuwur | wadya Mataram mangkana | bêdhila tan mawi mimis ||

55. nanging ingkang kering kanan | kang acampuh prange samya nêmêni | surake wadya gumuruh | rame ambal-ambalan | datan ana kang kalindhih yudanipun | gènnya prang nganti sadina | kasaput ing wêngi kingkin ||