Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 20-24)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 01-10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  2. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 11-14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  3. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 15-19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  4. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 20-24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  5. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 25-32). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  6. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 33-40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  7. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 41-47). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  8. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 48-57). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
Image

20. Asmaradana

1. sigêgên ingkang ajurit | kocapa Ki Senapatya | pagunêman ing wismane | lawan kadang warganira | kang rayi Nayakartya | kalawan Kenthol Jajagung | myang Mas Blimbing mantunira ||

2. priyayi [priya...]

--- 42 ---

[...yi] saking ing Giri | Senapati angandika | marang ingkang rayi karo | kadwi lawan mantunira | lah padha adandana | sun arsa budhal ing dalu | sagunge sanakmu padha ||

3. kabèh kumpulna prasami | dèn enggal yèn slak kêbyaran | Kenthol Jajagung ature | hèh kadospundi karsanta | de kakang Saradipa | ing ngriku sawêg umagut | taksih wontên ing payudan ||

4. manawi botên udani | Senapati angandika | têka sira mindho gawe | aku ya wus têka rêmbag | kalawan kakangira | nanging saanak rayatmu | kabèh padha dèn kumpulna ||

5. siji ja na ingkang kèri | lah ing ngriku duk samana | Saradipa sarabine | samya wus prapta sadaya | priya èstri wus mrantya | sakathahira wus nglumpuk | sumêkta astranirèng prang ||

6. gya budhal Ki Senapati | wau saking nagrinira | tansah prayitna lampahe | mantri sagunge nèng têngah | lah ing ngriku kinêpang | Kyai Saradipa pan wus | sigra wau ingutusan ||

7. suka priksa yèn wus mijil | kang raka saking nagrinya | Ki Saradipa dèn age | kang santana kinêthikan | sampun sami mirantya | watawis wong dasa catur | Ki Saradipa gya budhal ||

8. saking pondhokira sami | tan dangu nulya kapapag | lawan kang raka lampahe | Saradipa sampun nunggal | dhatêng Ki Senapatya | ing ngriku ta enjingipun | barisira wong brang wetan ||

9. samya misuwur pawarti | kalawan Ki Saradipa | singidan latri lampahe | sêdya kumpul Senapatya | arsa balik Mataram | gya ing ngriku ngaturi wruh | Ratu Jalu sarêng myarsa ||

10. asangêt dora mring dasih | lah batur sira susula | yèn kacandhak [kaca...]

--- 43 ---

[...ndhak] marga kono | banjur tumpêsên sadaya | saanak rayatira | sawiji aja na kantun | ingkang kinon gya wotsêkar ||

11. wus budhal sing byantara ji | gumlêdhêg untabing bala | sigra-sigra ing lampahe | Senapati gya katungka | kacandhak nèng karakal | dadya prang rame ing ngriku | mantune Ki Senapatya ||

12. ingkang aran Mas Balimbing | tumandang mangsah ing rana | kinarubut ing yudane | ing Kadhiri kathah pêjah | miwah ingkang kabranan | Mas Blimbing kathah kang mungsuh | nandhang tatu gya palastra ||

13. Senapati aningali | yèn mantunira pralaya | nulya ngatag sêntanane | tiyang satus kawan dasa | nulya sami narajang | wong Kadhiri samya grêgut | apan kathah ingkang pêjah ||

14. apuyêngan gègèr sami | kadya gabah ingintêran | Senapati nuduh age | mring Pangran Wiramênggala | duta sampun umêsat | wus prapta ing ngarsanipun | Pangeran Wiramênggala ||

15. pangeran gya prentah aglis | mring sagunge wong Mataram | kinèn mapag ing lampahe | wau marang Senapatya | kang ingutus gya mangkat | sigra-sigra prapta sampun | prênahe kang bôndayuda ||

16. wong Mataram ngamuk wani | wadya brang wetan abubar | kèh pêjah rinumpak prange | tan olih lawan lumajar | sagunge wong brang wetan | samya ngungsi kitha sampun | wiwara wus tinêtêgan ||

17. Senapati prentah aglis | pakuwone Jêng Pangeran | Wiramênggala praptane | amêthuk mring Senapatya | wus panggya sêsalaman | tanapi kadang sadarum | prasamya tur salam pangran ||

18. pangeran anêbda aris | dhawuhkên timbalan nata | gih kakang salam dongane | rama sampeyan jêng sultan |

--- 44 ---

dhumawuha ring dika | Senapati ture nuwun | sarwi anêkêm sirahnya ||

19. pangeran ngandika malih | inggih dawêg laju kakang | dhatêng pasanggrahan age | ing ngriku samya lumampah | wus prapta pakuwonnya | sabdane pangran trah juruh | mring Tumênggung Alap-alap ||

20. hèh Alap-alap dèn aglis | banjura sira lumampah | angrusaka Ngrawa mangke | lawan ngajaka bupatya | catur sira irida | Tumênggung Lap-alap nuwun | gih gusti atur kawula ||

21. nagri Kadhiri ing mangkin | botên lajêng ulun bêdhah | pangeran sêbdanira lon | aku ya nora winêkas | marang jêng rama sultan | kinèn gêmpur Kadhiriku | sun ajrih anglancangana ||

22. timbalan dalêm rama ji | wong Ngrawa kinèn mêngsaha | kinèn amboyongi kabèh | glis sira mangkata enggal | ngirita bupati pat | sigra lèngsèr gupuh-gupuh | nulya samya kur-ungkuran ||

23. mulih mring nagri Matawis | ngirit kakang Senapatya | kangjêng rama timbalane | si kakang kinèn lajua | iya marang Mataram | rama prabu ngayun-ayun | umatur Ki Senapatya ||

24. lamun parêng bok suwawi | nagri Kadhiri ginêcak | lun dèn bêna kemawonKurang satu suku kata: lun dèn abêna kemawon | pangeran alon ngandika | manawi sanès karsa | rama andika sang prabu | Lap-alap tandya lumampah ||

25. Ngrawa dalêm kang nglurugi | bêkta bupati sakawan | Pangran Wiramanggalane | anêmbang têngaranira | gya budhal saha wadya | Senapati lampahipun | nèng byantara kangjêng sultan ||

26. pangran nèng têngah lumaris | para prawira ing wuntat | prasamya yitna lakune | samya anitih turôngga | datan têbih lêtira | saking gyan gêgaman agung | bok manawi tinututan ||

27. aywa na kagèting baris | ngriku tan [ta...]

--- 45 ---

[...n] kocap ing marga | wus prapta wau ing kono | nagari ing Jagaraga | lajêng rêrêp sadhela | mung nganti Lap-alap ngriku | sabab sampun autusan ||

28. nyaosi priksa mring aji | yèn wus ngirid Senapatya | mampir ing marga lampahe | kocapa Ki Alap-alap | Ngrawa dalêm wus prapta | wong Ngrawa samya kinukud | binoyongan rabinira ||

29. Alap-alap mundur aglis | gya bubaran wadyanira | boyongan dèn irid kabèh | lah ing kono anèng ngarsa | prajurite ing wuntat | ing ngriku wus tan winuwus | praptèng nagri Jagaraga ||

30. boyongan gya katur sami | mring Pangran Wiramênggala | pangeran sabdanya alon | akinèn nêmbang têngara | pangran sigra budhalan | kaki Jagaraga daud | bapangan lumaku ngarsa ||

31. ngriku kocap kang tur uning | wus prapta marak byantara | duta wotsêkar unjuke | amba ngutus putra nata | kinèn atur uninga | ing salampah-lampah ulun | kèn mêthuk pun Senapatya ||

32. ing mangke wus amba irid | anak putune sadaya | dhumatêng putra sang rajèng | lan malih kula tur priksa | kinèn bêdhah ing Ngrawa | mangke wus klakon kapikut | sadaya wus binoyongan ||

33. nanging gih kèndêl ing margi | lampahipun putra nata | ngêntosi timbalan katong | kangjêng sultan gya ngandika | bocah srati dèn enggal | ya plananana gajahku | dibêcik lan paèsana ||

34. sang nata amundhut aglis | busana kang sarwa endah | kampuh calana cindhene | wusdene paningsêdira | pan sami anyêkawan | myang pangangge èstri iku | kang sami pelag warnanya ||

35. sêlir dalêm mung satunggil | ingkang kinèn amêthuka [a...]

--- 46 ---

[...mêthuka] | mring Senapati garwane | wong tri atus kang tut wuntat | tan dangu sigra budhal | dipôngga gêng munggèng ngayun | lah ing ngriku kawarnaa ||

36. samana sampun kapanggih | kalawan Ki Senapatya | patêdhan dalêm pangangge | wus pinaringkên sadaya | gih nuwun aturira | pangandikane sang prabu | jêngandika kinèn enggal ||

37. saklangkung ingarsi-arsi | sangêt wulangun jêng sultan | gya budhal Senapatine | dèn irit dhatêng Jêng Pangran | Arya Wiramênggala | sarwa nitih dipôngga wus | lumampah anèng ngayunan ||

38. kocap sang nata tinangkil | miyos anèng pagêlaran | sumbaga punggawa andhèr | pra bupati myang sêntona | tuwin Ki Môndaraka | kang tansah nèng ngarsa prabu | jajari kang pra atmaja ||

39. ing ngriku Jêng Senapati | myang Pangran Wiramênggala | ingkang wus prapta lampahe | samya kèndêl nèng paglaran | Pangran Wiramanggala | lajêng marêk mring sang prabu | amèpèkkên Senapatya ||

40. sakadangira prasami | kandhêg anèng wringin kêmbar | wus katur dhatêng sang rajèng | Senapati gya ngandikan | tuwin ya sak arèniraLebih satu suku kata: tuwin sak arènira | Senapati dèn kadulu | cêlak ingawe sang nata ||

41. jêbèng dèn kaparêng ngarsi | gya ngujunga jênêng ingwang | Senapati turira lon | andhadhap majêng byantara | laku bokong antara | cêlak byantaraning prabu | Senapati awotsêkar ||

42. ngungsêp nguswa pada aji | ngusapi padyarja nata | jêng sultan mêngkul janggane | mundur alon sarwi nêmbah | marikêlu sebanya | ngandika lon jêng sinuwun | lan êndi kotrahiraKurang satu suku kata: lan ing ngêndi kotrahira ||

43. kang aran Saradipa di | Jajagung lan Kartiwôngsa | Senapati matur alon | punika abdi sang nata |

--- 47 ---

wingkinge putra tuwan | Wiramanggala puniku | jêng narpa alon ngandika ||

44. sira konên maju ngarsi | angujunga marang ingwang | sigra wau marêg age | ing ngarsanira sang nata | ganti-ganti angaras | padanira kang sinuhun | mundur mariklu sebanya ||

45. sang nata ngandika aris | putrèngsun sira bagea | miwah arinira kabèh | Senapati matur nêmbah | sangêt ing panuwunnya | miwah kang rayi turipun | samya anuwun sadaya ||

46. ciptanira Senapati | tan kuwasa sun malêsa | marang sihira sang katong | sangêt trêsnaning maringwang | sinami kang atmaja | myang Saradipa Jajagung | Kartiwôngsa datan beda ||

47. lir kang raka ing ciptaning | samya dat angrêrasaKurang satu suku kata: samya dahat angrêrasa | adarbe pêjah gêsange | Senapati atur sêmbah | gusti jasad kawula | kaatura kang sinuhun | rah daging kula sumôngga ||

48. rema tosan sungsum sami | myang pêjah gêsang kawula | kaatura jêng sang rajèng | miwah didalêm têtiga | sampun datan lênggana | katura ingkang sinuhun | tan angraos darbe kadang ||

49. sêtya kawula ing gusti | tan kumêdhap tingal amba | mung paduka gustiningong | dèn tan sêdya anyumpêna | anyipta gusti liyan | yèn datan pracaya prabu | mugi sampun dados janma ||

50. sang nata ngandika aris | ya bangêt tarimaningwang | prasêtyanira maring ngong | ingsun têdha mring Hyang Suksma | muga-muga tulusa | lah ta apa sasêdyamu | lah iya katurutana ||

51. nulya ngandika sang aji | marang sagung kang sewaka | lah padha pirsakna kabèh | yèn ing mêngko putraningwang | ki jêbèng Senapatya | sun karya putra prêmbayun | lah sakèhe putraningwang ||

52. anyêbuta kakang sami | dèn aruntut wong kêkadang | èstokêna wêling ingong | kang putra matur sandika | mituhu kang timbalan | angandika sang aprabu |

--- 48 ---

dhumatêng Ki Senapatya ||

53. wis asoa putra mami | kalêson mêntas lumampah | nulya luwaran sang katong | kondur dhatêng dalêm pura | kang sewaka wus bubar | Ki Senapati winuwus | sampun kaparingan wisma ||

54. miwah ingkang rayi sami | sadaya wus sinung wisma | samya eca ing manahe | samana pan cinarita | Senapati laminya | anèng nagari Matarum | pan sawêg angsal sawulan ||

55. sang nata enjing tinangkil | supênuh anèng paglaran | pêpak wadyabala kabèh | myang sagung para bupatya | santana para putra | Ki Môndaraka nèng ngayun | tanapi Ki Senapatya ||

56. sakadangira anangkil | samya mabukuh nèng ngarsa | sri narendra ngandika lon | hèh putrèngsun Senapatya | ing mêngko arinira | katêlu pisan kapundhut | padha ngawulaa mringwang ||

57. Senapati awotsari | sumôngga karsa narendra | nguni dêlasan ing mangke | tan rumaos darbe kadang | pêjah gêsang katura | ing jêng narpa ngandika rum | ya bangêt tarimaningwang ||

58. nulya ngandika sang aji | marang sagung kang sewaka | padha ngèstokêna kabèh | yèn putrèngsun Senapatya | ingsun paringi lênggah | cacah sèwu limang atus | arine Si Saradipa ||

59. ingsun paringi lêlinggih | iya cacahe wong dhomas | dene ta arine karo | Jajagung lan Kartiwôngsa | ingsun paringi lênggah | cacahe wong ênêm atus | wadya ngèstokna sadaya ||

60. sang nata ngandika malih | marang wau Senapatya | hèh ki jêbèng putraningong | aja sira taha-taha | duwe sudarma mringwang | prituwin marang kadangmu | lah iya aja sumêlang ||

61. akunên kadang sayêkti | Senapati awotsêkar | kalangkung nuwun ature | tan kuwasa yèn malêsa | saking gêng

--- 49 ---

sih narendra | dhumatêng amba pukulun | Panêmbahan lon ngandika ||

62. lan maninge ingsun iki | jêbèng durung duwe kutha | yèn sêmbada putraningong | ingsun karyakêna kutha | Senapati wotsêkar | inggih sandika sang prabu | ananging atur kawula ||

63. sagung didalêm Matawis | samya andikakna nyithak | samya akaryaa banon | abrit lawan banon pêthak | kalamun sampun kathah | anulya dinamêl gupuh | kalangkung suka sang nata ||

21. Sinom

1. ri sampunira mangkana | wadya lit dipun undhangi | prasamya akarya bata | banon sapta lawan abrit | tan antara wus dadi | wus cumawis gya anambut | wong Mataram sadaya | tan kawarna nulya dadi | ingkang kitha bacingakbacingah tanpa bolongan ||

2. sang nata alon ngandika | lah ki jêbèng Senapati | kaya ngapa karsanira | kutha ora nganggo iki | lêlomponganing bêdhil | Senapati gya umatur | nuhun sêdya kawula | lamun wontên mêngsah prapti | wong Mataram bêg pêjah sajroning kitha ||

3. bilih mêngsah agêng prapta | sêdya purun ing Matawis | kawula pêthuk ing jaba | sampun gêpok ing nagari | ing Mataram puniki | kawula ingkang umagut | atalang pêjah gêsang | yèn kongsi ngambah nagari | amba wirang ningali wadya Mataram ||

4. adawa yèn cinarita | kutha bacingah wus dadi | samana duk binabadan | sêngkalanira winarni | nrus lunga margèng bumiSengkalan: nrus lunga margèng bumi (1509 A.J.). | duk samana jêng sang prabu | karsa miyos sang nata | ngubêngi kitha Matawis | para mantri bupati samya asowan ||

5. miwah sagung pra santana | sadaya samya anangkil | supênuh nèng pagêlaran | anulya miyos sang aji | ginrêbêg para èstri | upacara atap ngayun | wus rawuh pagêlaran | sang nata gya

--- 50 ---

mundhut èsthi | wus sumaos dipôngga nèng ngarsa nata ||

6. dipôngga wus tinitihan | apan sarwi ngandika ris | lah ki jêbèng Senapatya | sira anungganga èsthi | anunggala lan mami | Senapati datan ayun | nuwun duka patikbra | kawula kalangkung ajrih | dados punapa gusti pun Senapatya ||

7. ajajar lan padukendra | ila punapa pinanggih | kawula dharat kewala | Panêmbahan ngandika ris | pa nganti sun udhuni | Senapati awotsantun | muka konjêm pratala | pinêksa nulya ngunggahi | Senapati wus nunggang luhuring liman ||

8. ngirih-irih dènnya lênggah | bukuh nèng ngarsa narpati | gajah siji kinalihan | sang nata lan Senapati | gya lumampah kang èsthi | ngubêngi kitha sang prabu | sagung para bupatya | miwah pra santana ngiring | myang pra putra samya dhèrèkkên sadaya ||

9. kangjêng sultan angandika | mêksih nèng luhuring èsthi | ya atmaku Senapatya | sun ngrungu wirayat nguni | tanêm tuwuh Matawis | pucang trisanira besuk | ginêmpur mring wong wetan | umatur Ki Senapati | yèn tantua wêca kang kadya punika ||

10. pasthi Senapati merang | umiyat wadya Matawis | yèn sinidakna mêngsahKurang satu suku kata: yèn sinidakêna mêngsah | palakitri ing Matawis | anggêr lun mêksih urip | kados botên lamun lêbur | sagunge wong bang wetan | sanmisami nacakkên mariki | gih kawula merang myat prabaning surya ||

11. pun dasih mêminta mringwang | prituwin nabi sinêlir | wong wetan yun lumuruga | mêngsah sultan lun punagi | Panêmbahan nabda ris | ja mangkono putraningsun | gaipira Hyang Suksma | kaya priye gonmu mingsir | lah ature wingi kajinêman ingwang ||

12. wartane sagung wong wetan | sumêdya dus mring Sêmanggi | kang dadya pangarsanira | iya Adipati [Adipa...]

--- 51 ---

[...ti] Gêndhing | wong Pasuruan nunggil | kalawan wong Surèngkewuh | ingkang angirid lampah | iku Dipati Sêmanggi | myang Si Rôngga Lêlana nagri ing Daha ||

13. nênggih ta Ki Senapatya | umatur saha wotsari | ulun anêdha mring sultan | wong agung wetan kariyin | sadaya prasamya jrih | dhumatêng kula rumuhun | sang nata lon ngandika | ya ki jêbèng Senapati | padha bae tinitahkên mring Hyang Suksma ||

14. aja sira ajubriya | padha kawulaning Widhi | tan kêna lamun kinira | rèhning wong urip puniki | apa karsaning Widhi | anganggoa rêna sokur | Senapati anêmbah | anuwun barkah sang aji | kang dhumawuh kapundhi wontên mustaka ||

15. sampunnya ngidêri kutha | sri narendra ing Matawis | sampun rawuh ing pasowan | tumêdhak saking ing èsthi | miwah Ki Senapati | tumurun saha wotsantun | lênggahira mangrêpa | muka lir konjêm ing siti | Panêmbahan alon dènira ngandika ||

16. lah putrèngsun Senapatya | sira karia ing jawi | padha sira alinggiha | lawan arènira sami | ingsun kondur mring puri | sira aja nuli mantuk | sang nata anggêdhatyanangêdhatyan | kondur marang dalêm puri | para garwa samya ngandikan sadaya ||

17. mantri aglar nèng paseban | miwah sagung pra bupati | santana lan para putra | jajar lawan Senapati | kocapa sri bupati | ingkang anèng jro kadhatun | gya kinèn nimbalana | marang sira Senapati | lan sakèhe putraningsun ja na bubar ||

18. isiha padha sewaka | yèn wis mêtu Senapati | padha sira konên bubar | utusan sigra umijil | prapta ing pôncaniti | timbalan dalêm dhumawuh | lah ta Ki Senapatya | dika ngandikan mring puri | dene sakèh [sa...]

--- 52 ---

[...kèh] para putra sampun bibar ||

19. mêksiha nèng pagêlaran | prituwin para bupati | yèn Senapati wus mêdal | andika kalilan mulih | ngriku Ki Senapati | glis dènnya anyandhak wêdhung | Senapati gancangan | wus prapta sajroning puri | kandhêg ngregol canthèl unjuk gya ngandikan ||

20. Senapati gya lumampah | tan adangu nulya prapti | wau sira Senapatya | kalangkung dènira ajrih | ningali pramèswari | lampah dhadhap mundhuk-mundhuk | asowan nèng plataran | muka lir konjêm ing siti | ingandikan jêbèng dikaparèng ngarsa ||

21. ingawe Ki Senapatya | sira linggiha manginggil | jajara lan ibunira | Senapati atur bêkti | kawula nuwun ajrih | ing paduka kang sinuhun | tan purun ajajara | prayogi wontên ing ngriki | anampèni pangandika padukendra ||

22. Panêmbahan angandika | apa nganti sun parani | iya lawan ibunira | têmahan ran nowang mangkin | Senapati wotsari | anulya majêng mring ngayun | gya sèlèh kang curiga | jêng sultan tan klilan inggih | wus ingangge malih wau dhuwungira ||

23. lumampah sarwi andhadhap | wus cêlak jêng sri bupati | anulya sigra cinandhak | kinèn linggiha ing nginggil | jajar lan para rabi | dènira linggih tumungkul | ciptaning tyas mangkana | baya sun walêskên maring | pasihane Jêng Sultan Agung maring wang ||

24. pêpundhutan dhahar prapta | kang ponang ambêng kêkalih | Panêmbahan gènnya dhahar | kalawan garwa padêmi | myang klangênan kêkalih | Senapati rewangipun | wong jro dalêm arantap | dangu dènnya ambojani | lah ing ngriku boga wus kinèn ngloroda ||

25. wong dalêm prasamya buktya | nèng ngandhaping nagasari | kalangkung sinuba-suba | Senapati [Senapa...]

--- 53 ---

[...ti] mring sang aji | anêlasakên kang sih | ingakên atma pangayun | miwah Ki Senapatya | ajrihira anglangkungi | Panêmbahan alon dènira ngandika ||

26. hèh ki jêbèng Senapatya | ingsun durung aningali | inganggo bêbadhongira | apa ora dhêmên kaki | Senapati wotsari | inggih kawula pukulun | darbe badhong satunggal | mangke sampun tan prayogi | sampun risak niyakanipun tan ana ||

27. Panêmbahan lon ngandika | biyangira duwe kêndhit | ing mêngko sira jaluka | niyakane mêksih bêcik | dèn sungakên ing mangkin | yèn sira ingkang anjaluk | kagyat Ki Senapatya | miyarsa dikaning gusti | cinarita Senapati jroning driya ||

28. dhuh ingsun ora kuwawa | nadhahi sihing narpati | sun têtêdha ing Hyang Suksma | gustiku sri narapati | tulusa mêngku bumi | Mataram sineba ngratu | nanging sariraningwang | panêdhaningsun ing Widhi | amalêsa pasihane gustiningwang ||

29. panêdhaningsun Pangeran | ing benjang yèn ana jurit | muliha sun binandhosa | nadyan ingsun ora mati | tatua jaja mami | saking tan kawawa naur | pasihaning sang nata | bêbadhong pan sun paringi | iya uwis ki jêbèng sira muliha ||

30. Senapati sigra nêmbah | mundur sing ngarsa narpati | sampun prapta pagêlaran | pra niyaka aningali | Senapati wus mulih | kang sowan bubar sadarum | tan kawarna malihnya | ênêngna nagri Matawis | wontên malih ingkang gênti cinarita ||

31. kocapa wong agung wetan | pan sampun amêpak baris | gêgamanira balabar | arsa nglurug mring Matawis | nênggih Dipati Gêndhing | Surabaya ngirid laku | satunggile punika | nênggih Dipati Pasagi | Rôngga Lana ing Kadhiri kang lumakya ||

32. lan wong Japan Wirasaba | Pasuruan Singasari [Singa...]

--- 54 ---

[...sari] | Lumajang lawan Bang Malang | ing Pugêr kalawan Têri | wong Panarukan prapti | tanapi Dipati Ngrênun | Cangkrak lan Banyak Pêthak | nagari Kikang winarni | ing Sarêngat Balitar lawan ing Ngrawa ||

33. Kalangbrèt lan Pranaraga | miwah nagari pasisir | Garêsik lawan Nglamongan | sadaya Tuban bantoni | Nglasêm lan Naribanggi | akumpul anèng Madiun | prasamya arêmbagan | sagunging para dipati | karsanira pinuju galih Mataram ||

34. gêgaman wetan wus budhal | nênggih dipati ing Gêndhing | kang mêdal êlèr punika | gêgaman dados kêkalih | Ki Dipati Pasagi | kang nindhihi mêtu kidul | gêgaman ambalabar | lir sagara tanpa têpi | kang wana gêng lêbur dadya ara-ara ||

35. nahan kang baris bang wetan | warnanên Natèng Matawis | apan lagya sinewaka | dene sagung pra dipati | Senapati anangkil | kalawan ta arinipun | kang wasta Saradipa | Jajagung Krêtiwôngsa di | Adipati Môndaraka anèng ngarsa ||

36. myang Pangeran Singasêkar | lan Pangeran Mangkubumi | miwah ingkang para putra | pangeran dipati nangkil | Pangran Juminah tuwin | Pangran Pringgalaya wau | Pangran Wiramanggala | Dipati Pugêr nèng ngarsi | tuwin Pangran Têpasona sampun prapta ||

37. myang Pangeran Purubaya | wus dangu dènira nangkil | wus samya pêpak sadaya | Panêmbahan ngandika ris | lah jêbèng Senapati | paran karsanira iku | wong wetan wus lumampah | gêgamane paju kalih | iya jêbèng ature wong pajinêman ||

38. dene wong wetan karsanya | Mataram pinaju kalih | kang mêtu lèr sapanduman | tindhih dipati ing Gêndhing | ana ing Jatisari | wong wetan gêgaman agung | mêtu kidul saduman | aran Dipati Pasagi | ingkang ngirid nindhihi ing gêgamannya ||

39. anèng Ngutêr barisira | lah ta jêbèng Senapati [Senapa...]

--- 55 ---

[...ti] | kayaparan karêpira | sapa kang pinapag dhingin | matur Ki Senapati | kawula gusti anuwun | langkung karsa sang nata | kawula darmi nglampahi | parêng botên parênga panuwun amba ||

40. kang sinuhun sampun tindak | taksiha wontên jro puri | ngamungna pun Senapatya | ingkang amêthukna jurit | lan sagung putra aji | punika kawula suwun | jênêngana kawula | Panêmbahan ngandika ris | karsaningsun arsa nindaki priyôngga ||

41. tur nuwun pun Senapatya | yèn kawula taksih urip | inggih dinamêl punapa | yèn botên ingabên jurit | paran talêsing dasih | yèn botêna sara amuk | kawula lampahana | ajurit pêjah rumiyin | wus kasêdya kawula mantuk antaran ||

42. Panêmbahan sukèng driya | ngandika dhuh putra mami | yèn mangkono wong Mataram | padha adandana aglis | sakèhe putra mami | kalawan santananingsun | lumakua sadaya | mèlu marang Senapati | sapangrèhe iku sira lakonana ||

43. gêgaman sampun malatar | ing alun-alun Matawis | malah lubèr têkèng pasar | lurung-lurung kêbak baris | sang nata ngandika ris | iya uwis putraningsun | padha sira budhala | sun srahkên maring Hyang Widhi | para putra sadaya wus atur sêmbah ||

44. Senapati awotsêkar | Panêmbahan ngandika ris | lah jêbèng dipun prayitna | Senapati awotsari | kawula nuwun gusti | angsala brêkah sang prabu | anulya atêngara | kêndhang gong munya tinitir | kyai bicak tinabuh munya angangkang ||

45. gêgaman anulya budhal | ingkang lumampah rumiyin | wong brang kulon anèng ngarsa | kasambungan wong Matawis | para kadang nèng wingking | Senapati kang sumambung | wus lumampah anèng têngahLebih satu suku kata: wus lumampah nèng têngah | dene kang lumampah wingking | para putra gêgamane apêpanthan ||

46. gêgaman yèn tiningalan [tiningala...]

--- 56 ---

[...n] | lir sagara tanpa têpi | prajurit samya prayitna | gêgamane warni-warni | kêlambi sora-sari | ana kang kulambi wungu | kang kulambi sangkêlat | datan kawarna ing margi | sampun prapta ing Taji tata pondhokan ||

47. bupati samya lênggahan | kalawan Ki Senapati | ajajar lan para putra | Senapati sigra angling | kadospundi puniki | mêngsah ingkang mêdal kidul | sintên ingkang mêthukna | nabda Pangran Mangkubumi | iya jêbèng sun turut sakarêpira ||

48. Senapati sigra mojar | yèn suwawi para gusti | Jêng Gusti Pangran Purbaya | ingkang minôngka pangirit | kalawan ingkang rayi | Pangran Jagaraga tumut | lawan Malangsumirang | lawan Panji Wirabumi | Pangran Mangkubumi ngling ya wis prayoga ||

49. Ngabèi Kêrtiwadana | lan Ngabèi Wirapati | kalawan ing wong Kajoran | ingkang dadia pawingking | punika atur malih | lah ta anggèr dawêg sampun | paduka lumampaha | amêthukna ing ajurit | wong bang wetan kang anèng Ngutêr punika ||

50. gêgaman anulya budhal | Pangeran Purbaya dadi | ingkang dadya Senapatya | kawarnaa ingkang kèri | amêsanggrahan Taji | Senapati sigra matur | dhumatêng para putra | mring Pangeran Mangkubumi | lah suwawi anggèr prasami umangkat ||

51. gêgaman anulya budhal | ingkang lumampah rumiyin | mantri kulon pamajêgan | Ngabèi Jênar kang nami | lah Ki Ngêbèi Ngrawi | Ki Ngêbèi Ngawu-awu | Tumênggung Bocor ika | Ki Dêmang Kalêng puniki | Ki Ngabèi ing Kalêgèn anèng ngarsa ||

52. ing ngriku wadya Mataram | lampahe arsa nêpungi | damêl gunge petak-petak | sinawang lir prawatagni | mantri ingkang ginanti | Ki Ngabèi Wiratanu | Tumênggung Singajaya | myang Arya Panular sami | wus dene [de...]

--- 57 ---

[...ne] lan Kyai Dêmang Karpanaha ||

53. Tumênggung Wiranagara | myang Arya Jagabaya di | Ki Ngabèi Patrabôngsa | iku mantri nèng Matawis | samya bèr kang kuwanin | tur prawira têguh timbul | wus tautate padha | wrin ing wêweka ing wèsthi | sagung adipati prakosa ing aprang ||

54. Senapati anèng ngarsa | kang rayi samya nèng wuri | Ki Jajagung Saradipa | miwah Ki Kartiwôngsa di | Pangeran Mangkubumi | myang Pangeran Singasantun | Ki Narya cucuking prang | sagung wadya ing Matawis | pra atmaja sami nèng wingking sadaya ||

55. myang Pangeran Têpasona | Pangeran Pugêr Dipati | myang Pangran Wiramanggala | ing ngriku kang anambungi | tuwin Pangran Dipati | Pangran Pringgalaya ngriku | na byantaraning kang rakaLebih satu suku kata: na byantaraning raka | Kangjêng Pangeran Dipati | Anom Mangkunagara ginadhang sultan ||

56. nênggih Pangeran Juminah | lumampah anèng ing wuri- | nira Pangeran Dipatya | tata gyan sawiji-wiji | agêmnya de kawarni | daut sadaya pan sampun | lah ing ngriku ta kocapaLebih satu suku kata: lah ing ngriku kocapa | wus prapta kali Sêmanggi | lajêng tata sagunging kang pra prawira ||

57. Ki Senapati ngandika | Kangjêng Pangran Mangkubumi | dadia panjawat kiwa | sakèhe wadya Matawis | gya kinon tata baris | anaa têngah gonipun | dadyaa gêgunungan | gih kula ingkang nimbangi | kang nèng madya pra santana sadayanya ||

58. Ki Jajagung Saradipa | kalawan Kartiwôngsa di | kang dadya pangayunira | milane kukuh kang jurit | bangkite Senapati | pangamuk saduluripun | lah ing ngriku kocapa | kang mêtu lor nata baris | ingkang mêtu kidul wus ayun-ayunan ||

59. Kangjêng Pangeran Purbaya | akalihan ingkang rayi | dipati ing Jagaraga | pan sampun campuh ing jurit | lan Dipati Pasagi |

--- 58 ---

asurak umyang gumuruh | adangu dènnya yuda | arame ungkih-ingungkih | wong Mataram asangêt karoban lawan ||

60. surak lir karêngèng wiyat | bêdhil muni gêgirisi | kalataka asauran | sigra prajurit Matawis | prasamya angawaki | anandêr samya angamuk | Pangeran Purubaya | akalihan ingkang rayi | miwah Panji Wirabumi anarajang ||

61. Ngabèi Malangsumerang | pangamuke ngowak-awik | Wirapati anglir macan | tan ana braja nêdhasi | miwah ta Ki Ngabèi | Kartiwadana angamuk | lir banthèng kêna brama | pangamuke Wirabumi | kadya wagra tanaya olèh boyongan ||

62. Jêng Pangeran Purubaya | akalihan ingkang rayi | kinarubut ing wong wetan | kinarutuk dening bêdhil | dèn udani jêmparing | towok lêmbing lawan busur | nora saya mirisa | pangamuke ngowak-awik | pan akathah wong wetan pêjah ing rana ||

63. surak lir pendah ampuhan | wong bang wetan wus kalindhih | prajurite kathah pêjah | wau Dipati Pasagi | palayune anggêndring | amangalor purugipun | gêgamanira sadayaLebih satu suku kata: gamanira sadaya | sasisane ingkang mati | maksih kalong mangalor palayunira ||

64. nênggih karsanira nunggal | gêgamane Jatisari | lah ing ngriku kang lumaywa | kocapa Ki Senapati | sampun campuh ing jurit | surakira pan gumuruh | kalawan wong brang wetan | kalangkung ramening jurit | rukêt ing prang tan ana ingkang kasoran ||

65. Ki Senapati narajang | kalawan kadange sami | Ki Jajagung Saradipa | kalawan Kartawôngsa di | rampak angamuk wani | wong bang wetan kathah tatu | kalawan kathah pêjah | tinigas jangganing sami | prajurite wong bang wetan tan kuwawa ||

66. wus dhadhal [dha...]

--- 59 ---

[...dhal] samya lumajar | binuru aniba tangi | angungsi ingkang pondhokan | gêgaman agêng dèn ungsi | Saradipa nututi | Saradipa lan Jajagung | Senapati nèng wuntat | pan amung wong magêrsari | patang puluh angiring Ki Senapatya ||

67. Sang Senapati punika | kaponakane Pasagi | Ki Pasagi pamanira | punika dipun ulati | dene Ki Senapati | ciptanira jroning kalbu | si paman katêmua | arêp sun jak tandhing jurit | angadua tosing kulit nora wêdya ||

68. arêp ingsun icipana | linumbak paman Pasagi | dene ta nora kapapag | ya ta wau kang winarni | Adipati Pasagi | kang kaburu saking kidul | ya ta kapasang yogya | kapêngkok Ki Senapati | Adipati Pasagi tandya katingal ||

69. atanya mring wadyanira | hèh ta bocah sapa iki | lumaku diring pacara | kering ing wong magêrsari | pantês iki prajurit | katara ing tandangipun | yèn prajurit prawira | wadya umatur ngabêkti | pan punika kados putra jêngandika ||

70. Dipati Pasagi mojar | putraningsun saka ngêndi | matur gih pun Senapatya | putra dika ing Kadhiri | Adipati Pasagi | asênggak anampèl pupuh | dhuh bageya anak ingwangLebih satu suku kata: dhuh bageya nak ingwang | gandhèrèkgandhèrèh panggih lan mami | sok lantasa mung sira sun pintakara ||

71. Pasagi malih ngandika | Senapati tolèhên awak mamiLebih tiga suku kata: lah tolèhên awak mami | mung sira sun ônta-ônta | ing mêngko sira kêpanggih | payo tandhing kuwanin | êndi rupane raimu | lah sira abalia | Senapati nolèh wuri | tiningalan lamun iku ingkang paman ||

72. Senapati angandika | lah payo bocah abali | si paman Pasagi

--- 60 ---

ika | angundhat-undhat mring mami | bagya paman Pasagi | kalamun sira katêmu | ingsun sira aminta | saka nagara Matawis | aja liya mungsuh pêkênira yuda ||

73. wangsul sira Senapatya | kering ing wong magêrsari | pan amung wong kawan dasa | ingkang ngiring Senapati | sigra wau kapanggih | Pasagi sigra gumuyu | gandhèrèh wis amulya | sira anèng ing Matawis | dene sira nora wêruh kabêcikan ||

74. prajurit tan wruh ing wirang | kurang apa nèng Kadhiri | têka atinggal pocapan | angawula ing Matawis | kari saanak rabi | desa erahe madulu | sapadhamu tumitah | anêmbah bèbèt wong cilik | baya sira kurang ing pangawulanan ||

75. Ki Senapati ngandika | lah iya paman Pasagi | sosodmu jarab uraban | tan pantês rinungu kuping | tan nganggo tan pakèring | mapan iku gustiningsun | sanadyan sun lungaa | iya saka ing Kadhiri | lah cacadên apa ing ala manira ||

76. Dipati Pasagi mojar | pagene sira ambalik | nèng Kadhiri kurang apa | kudu ngawula Matawis | kapencut ujar manis | wirayat ing dhisik iku | Mataram wêcanira | ing têmbe amutêr bumi | pan sanadyan mangkonoa kang wirayat ||

77. yèn wani mungsuh tan arsa | angawula ing Matawis | dene bobote wong nistha | Senapati anauri | iya Paman Pasagi | angucap tan wruh ing ngèlmu | tan dhêp ajal kamulyan | witing manungsa sayêkti | pan sawiji pan amung Jêng Nabi Adam ||

78. apan iya padha tunggal | nora ana gêdhe cilik | atasing padha kawula | apan iya wis pinasthi | marang Hyang Maha Luwih | kênyataaning alaur |

--- 61 ---

aja kakehan ujar | paman dikaparèng ngarsi | lah ta kene aprang tandhing lawan ingwang ||

79. Dipati Pasagi mojar | wruhanira Senapati | tan ana anak lan bapa | ing wong padha rêbut singgih | lah payo Senapati | padha prang aja na mundur | ingsun kalawan sira | balane dipun kêjèpi | Senapati kinarubut ing ngakathah ||

80. Senapati anarajang | lawan wong ing magêrsari | sarêng anyamêthi kuda | Senapati ngamuk wani | lan wadya magêrsari | singa kang katrajang lêbur | akèh tatu myang pêjah | ya ta Dipati Pasagi | anyamêthi kuda sarwi sumbar-sumbar ||

81. hèh gandherah marenea | ingsun mungsuhira jurit | wus tandhing sun lawan sira | ja na mundura sanyari | Senapati anolih | wus liwung pangamukipun | Pasagi sigra numbak | nora pasah Senapati | pining kalih pining tiga tan tumama ||

82. Senapati sigra ngucap | lah payo Paman Pasagi | pêkênira têkakêna | karosanira dèn ênting | Adipati Pasagi | panumbakira kasusu | sigra Ki Senapatya | angikal lawungira glis | gya tinumbak Pasagi jajanya bêngkah ||

83. Dipati Pasagi niba | pan sarwi malês nglarihi | wus lali panumbakira | Senapati dèn larihi | kêna kang gulu iring | pasah watara sakuku | Senapati aniba | Pasagi sampun ngêmasi | sarêng pêjah sampyuh madyaning payudan ||

84. wadyanira gya tumingal | yèn Pasagi angêmasi | sigra anulya rinêbat | binandhosa Ki Pasagi | lah ing ngriku kang lalis | kawarnaa sira wau | Ngabèi Patrabôngsa | wruh yèn Senapati mati | sêdya nandêr sigra nulya nulungana ||

85. myang Dipati Purubaya | kang ambujung Ki Pasagi |

--- 62 ---

lan kang rayi Jagaraga | sapuruge dèn tut wingking | nging mêksa tan nututi | gya myarsa surak gumuruh | sigra lumarsèng ing prang | Pangeran Purubaya di | sarêng prapta myang Ngabèi Patrabôngsa ||

86. kalih tan manggihi karya | bab Senapati wus mati | layone wus binandhosa | Pangeran Purubaya di | alon dènira angling | lah payo padha binuru | nuli olèha bela | ya dadi apa ing benjing | duka dalêm kang sinuwun kangjêng rama ||

87. de kêkasih dalêm pêjah | lah payo apulih gêtih | wadya sigra ingabanan | ambujung mungsuhira glis | gya grêgut ngoyak sami | tan candhak mêngsahira wus | ingkang bêkta bandhosa- | nira Dipati Pasagi | gya rinêbat bandhosa sigra binêdhah ||

88. ing ngriku lajêng tinigas | murdane Kyai Pasagi | lah ing ngriku kawarnaa | Jêng Pangeran Mangkubumi | tuwin pangran dipati | sagung pra tanaya kumpul | Ngabèi Patrabôngsa | munjuk yèn Ki Senapati | sapunika wus pêjah nèng Jatisêkar ||

89. inggih rencangipun yuda | lan Adipati Pasagi | sampyuh kalah barêng lena | Jêng Pangeran Mangkubumi | anampèl wêntis kalih | hèh wong Mataram sadarum | lah dadi apa sira | kêkasih dalêm ngêmasi | ya wus tamtu sira lena kinêthokan ||

90. wontên mantri jênêngira | Rôngga Pita kang kêkasih | umyat Senapati pêjah | aglis dènnya mlayu mulih | sêdya tur priksa maring | wau dhatêng jêng sinuwun | lah ing ngriku kocapa | Jêng Pangeran Mangkubumi | nulya munjuk dhumatêng ingkang atmaja ||

91. anggèr pangeran dipatya | paduka dadosa tindhih | lah swawi umagut yuda | olèha abala malih | patine Senapati | pangran dipati nabda rum |

--- 63 ---

gih yèn makotên paman | suwawi angamuk wani | para putra sadaya sampun siyaga ||

92. nulya anêmbang têngara | kêndhang gong munya tinitir | gêgaman sampun mirantya | wadya gung prayitnèng wèsthi | para tanaya mijil | nindhihi dêdamêl agung | saksana abudhalan | sajuru-juru arakit | kajinêman wetan myat wadya Mataram ||

93. sagung dêdamêl lumakya | sêdya amêkasi jurit | tandya angaturi priksa | maring dipati ing Gêndhing | dêdamêl gêng Matawis | ing mangke sampun lumaku | arsa angantêp ing prang | sigra Adipati Gêndhing | atêngara wanèna sêdya mundur prang ||

22. Durma

1. lah ta ngriku gêgaman gung wetan budhal | dharat ingkang pangarsi | dene kang nèng wuntat | samya numpak turôngga | sadaya prayitnèng wèsthi | lumakya tata | wong Mataram ningali ||

2. yèn wong wetan gêgamane wus budhalan | sigra kang pra prajurit | sêdyarsa anungkak | atilar dêdamêlnya | sagunge para dipati | myang pra atmaja | gya sarêng anututi ||

3. tan kacandhak gêgamane wong bang wetan | sagon prênahe nuli | lajêng tata papan | baris madhêp sadaya | wadya gung prayitna wèsthi | pasang sênapan | mung kulon ta kang prapti ||

4. sarêng mangkat sagung pra putra Mataram | wusdene pra bupati | myang para prawira | sarêng narajangira | kinarutuk dening bêdhil | surak lir bêlah | kocak lir jalanidhi ||

5. para putra sangsaya nyrot pangamuknya | dadya sukaning galih | lir prang lan badhaya | sagunging pra prawira | anêmpuh byat mobat-mabit | numbak lan nigas | wênèh nuduk ngakahi ||

6. para putra pangamuke kadya wraha | kinarutuk ing bêdhil | sinosog ing tumbak | linêmbing binrangkolang | suligi datan ngabêri | tan na tumama |

--- 64 ---

ngamuk saya nêmêni ||

7. wong bang wetan pan akathah ingkang pêjah | miwah ingkang akanin | surake sauran | miyat kadya tangkêba | wong wetan sigra kalindhih | gègèr puyêngan | bangke matumpang tindhih ||

8. kang ingêndêl wong Surabaya kèh pêjah | na mantri pêjah kalih | pun Rôngga Jaladya | Wiramantri kadwinya | sigra Adipati Gêndhing | Jayalêlana | tandya malik kulambi ||

9. palayune anandêr amungkur menda | batur wus tan tinolih | gya kasangsang-sangsang | krungkêb anèng glagahan | rencange samya misuhi | prajurit edan | mring batur wus tan tolih ||

10. wong Mataram kèh bathang gêgaman wetan | watang katga myang bêdhil | pêdhang kalataka | sadaya wus lorodan | wong Mataram unggul jurit | makuwon samya | Pangeran Mangkubumi ||

11. Pagunêman sêdyarsa budhal cudaka | angaturi udani | mring jêng sri narendra | yèn Senapati pêjah | sampyuh prang lan Ki Pasagi | lan mungsuh wetan | prange sampun kalindhih ||

12. prajurite bang wetan kadwi kang pêjah | myarsa Dipati Gêndhing | punika lumajar | kalih Jayalêlana | lan jisime Senapati | sira matura | iya kinubur ngêndi ||

13. sigra mentar duta lampahira gancang | mantuk marang Matawis | ing kono kocapa | lampahe Rôngga Pita | wus maswèng byantara aji | atur uninga | yèn Senapati lalis ||

14. sarêng myarsa Panêmbahan ing Ngalaga | yèn Senapati mati | jêntung sru sungkawa | supe mijil kang waspa | pangungunira tan sipi | amirong ing tyas | dhuh jêbèng Senapati ||

15. sun tan nyana yèn sira nuli palastra | ya aku ingkang sisip | purwane pralena | dene bêbadhongira | nalika kala ing nguni | dhuh tanayèngwang | sira ingsun belani [be...]

--- 65 ---

[...lani] ||

16. dèn têngara Panêmbahan ing Mataram | sikêb dalêm gya baris | èsthi pinêlanan | turôngga wus kinapan | sêdyarsa budhal tumuli | wadya Mataram | orêg samya miranti ||

17. karsanira Panêmbahan ing Mataram | labuh Ki Senapati | ing ngriku kawarna | cudaka sing paprangan | wus prapta nagri Matawis | marêk mring nata | duta matur wotsari ||

18. pan kawula ingutus rayi paduka | Pangeran Mangkubumi | ngunjukkên uninga | didalêm Senapatya | pêjah sampyuh lan Pasagi | rayi paduka | ngaturkên pati urip ||

19. kapracondhang dènira abaurêksa | kêkasih dalêm lalis | kaping dwi kawula | kinèn atura priksa | yèn mêngsah bang wetan gusti | sadaya sirna | sawiji tan na kari ||

20. prajurite kêkalih ingkang palastra | nama pun Wiramantri | myang Rôngga Jaladra | mustakane tinigas | turipun rayi sang aji | anuwun karsa | kang Sinuwun Matawis ||

21. punapa linajêngkên marang bang wetan | klayan malih wêwêling | jisim Senapatya | anuwun karsa nata | pinêtak wontên ing pundi | brastha turira | utusan awotsari ||

22. angandika kang sinuhun ing Mataram | duta balia maning | ya Si Rôngga Pita | lan kongkonên kang prapta | timbalana ari mami | myang putraningwang | kabèh muliha sami ||

23. dene arêp ambanjur marang bang wetan | durung môngsa ing mangkin | ya môngsa wurunga | anglurug mring bang wetan | yèn wis mangsanira benjing | nak putuningwang | kang ngrata tanah Jawi ||

24. lan jisime Sena pinêtakaKurang dua suku kata: lan jisime Senapati pinêtaka | aran desa Awêdhi | utusan wotsêkar | sigra wau umangkat | sang nata ngandika aris | mring wadyanira | lah mentara dèn aglis ||

25. ya warahên rabine Ki Senapatya [Senapa...]

--- 66 ---

[...tya] | yèn lakine ngêmasi | padha amapaga | ran desa Wêdhi ika | kang kinon saha wotsari | anulya mangkat | desa Wêdhi wus prapti ||

26. wus dhinawuhakên timbalaning nata | mring rabi Senapati | kagèt sira jola | kalara tangisira | wontên putrane pawèstri | wulanjarira | nênggih Ki Mas Balimbing ||

27. pan rinangkul mring ibu sarwi karuna | dhuh putuningsun gusti | andêrmata sira | dhihin sira akrama | tan lawas tinilar mati | mêngko ta sira | sapa ta kang ngingoni ||

28. ramanira pan gusti sampun palastra | kang putra asru anjrit | aniba ing kisma | tangise lara-lara | sêsambate amlasasih | adhuh ta rama | kula tan bisa kari ||

29. ibu ngrangkul dhuh putraningsun dandana | payo amêthuk nini | wus sami anandandanLebih satu suku kata: wus sami adandan | dalêm Ki Senapatya | lir gêrah swaraning tangis | kang kulawarga | sami kalara tangis ||

30. sakathahe santanane Senapatya | wong patang puluh mati | rabine sadaya | nangis kalara-lara | anulya sami lumaris | Ki Senapatya | anjujug desa Wêdhi ||

31. ênêngêna wau kang samya karuna | ingkang kocapa malih | utusan wus prapta | ing pasanggrahanira | Jêng Pangeran Mangkubumi | apan pêpakan | para putra Matawis ||

32. apan sampun dhinawuhkên kang timbalan | mring Pangran Mangkubumi | paduka ngandikan | lan putra jêngandika | myang sagung putra Matawis | samya ngandikan | mantuk dhatêng Matawis ||

33. lan jisime Senapati dèn pêtaka | dhumatêng dhusun Wêdhi | dika ngurunana | ingkang angiring lampah | Kêtartiwôngsa kang rayi | angiringêna | jisime Senapati ||

34. sampun brastha timbalan dalêm sadaya | Pangeran Mangkubumi | sigra atêngara | wadyabala Mataram | ponang jisim wus lumaris | gêgaman bubar | mantuk dhatêng Matawis [Mata...]

--- 67 ---

[...wis] ||

35. tan kawarna ing marga ingkang bandhosa | prapta desa ing Wêdhi | Nyai Senapatya | sampun mêthuk bandhosa | sêsambate amlasasih | nguswa bandhosa | dhuh kakang Senapati ||

36. nora bisa kakang ingsun dika tilar | angêtutna wak mami | kyai putranira | dika tilar ing sapa | nora bisa angrawati | andika bêkta | ingkang putra anangis ||

37. sêsambate kang putra amêlasarsa | ing ngriku yayah bibi | sang rara kantaka | ibu pundi pun rama | ibunira jrit anangis | ngrangkul kang putra | bisa têmên kiyai ||

38. dene dhingin ujarira sarêng pêjah | mangko nora sayêkti | dhingini palastra | marang sariraningwang | kiyai kalawan mami | ingsun tan bisa | ngawula lan kiyai ||

39. datan kêna ingampah wau luhira | dadya têmahan nangis | ya ta kawarnaa | jisimipun pinêtak | kawarnaa kang lumaris | pan sampun prapta | sajro kitha Matawis ||

40. sampun katur mring sinuwun ing Mataram | narendra nulya mijil | sampun ingandikan | Pangeran Mangkualam | lawan para putra sami | dadya wus prapta | ing ngarsane sang aji ||

41. para putra santana ngujung sang nata | para mantri tur bêkti | Pangran Mangkubumya | matur mring sri narendra | kawula tur pati urip | tiwas kawula | pun Senapati lalis ||

42. sri narendra aris dènira ngandika | yayi mas Mangkubumi | apa winicara | wus pêsthi karsaning Hyang | sun tutuh sarira mami | ingkang akarya | patine Senapati ||

43. Panêmbahan mundhut arta lan busana | pangangge ingkang èdi | pan sampun ginanjar | para putra sadaya | miwah ingkang para mantri | samya warata | myang Pangran Mangkubumi ||

44. Saradipa Ki Jajagung Krêtiwôngsa | ginanjar êmas adi | kalawan kancana | salaka lawan arta | lawan sinungan pawèstri | Ki Saradipa | wau jinunjung [ji...]

--- 68 ---

[...nunjung] linggih ||

45. winastanan Adipati Martalaya | Ki Jajagung sinung sih | Arya Jasupatra | pan jumênêng dipatya | Kartiwôngsa wus ingêlih | Ki Saradipa | wastanipun ing mangkin ||

46. Ki Masèri ginanjar nagri ing Dêmak | pan jumênêng dipati | sakèh wong Mataram | sampun sinungan desa | ing sapantêse kang janmi | apan warata | sadaya wadya aji ||

47. gya umatur Adipati Môndaraka | marang kangjêng sri mulki | punapa ing karsa | nagari ing bang wetan | punika lamun suwawi | gya linurugan | sampun môngsa ing mangkin ||

48. yèn marêngi kalawan karsa andika | kula ingkang nglampahi | nglurug mring bang wetan | lawan wadya Mataram | angandika sri bupati | lah dèrèng môngsa | inggih taun puniki ||

49. yèn ujare wirayat dera manira | angrata tanah Jawi | putra wayah ingwang | kacêtha ngrata Jawa | wong wetan seba Matawis | pan pêkênira | uwa boya mênangi ||

50. sarta malih uwa ing wêkas manira | miwah Ki Mangkubumi | yayi Singasêkar | Dipati Martalaya | lan sakèhe putra mami | lan mantriningwang | besuk yèn ingsun lalis ||

51. putraningsun Dipati Anom Mataram | kang gumantya narpati | gêntèni manira | wadyaningsun sadaya | atanapi putra mami | padha ngèstokna | sadaya saur paksi ||

23. Dhandhanggula

1. angandika kangjêng sri bupati [bu...]

--- 69 ---

[...pati] | hèh sagunge pra atmajaningwang | wusdene kadangku kabèh | sapa kang tan jumurung | sun têtêdha marang Hyang Widi | aja nêmu raharja | ing sak pungkur ingsun | êndi kang miwiti ala | muga-muga adiling Hyang Maha Suci | nuli ge nêmahana ||

2. pra atmaja santana myang mantri | saur-kukila ngèstu sadaya | pangandika dalêm katong | samya abêkti suhun | gya sumujud byantara aji | pinundhi karya jimat | sabda dalêm prabu | ri sêdhêng ngriku luwaran | sigra kondur jêng sultan mring dalêm puri | wadya kêbut sadaya ||

3. kangjêng sultan gya rawuh jro puri | para garwa gya mêthuk sadaya | mugèngmunggèng (dan di tempat lain) palataran andhèr | gya kinanthi mring prabu | wus pinarak kangjêng sri mulki | nèng madyaning kang bangsal | myang garwa sadarum | catur kang nèng byantarendra | prak langênan pingitanira prasami | atap munggèng ing ngarsa ||

4. kangjêng sultan angandika aris | mring kang garwa yayi sun wêwarta | pyarsakna ujarku kiye | prakara lakunipun | atmanira Ki Senapati | anglurug mring bang wetan | ing mêngko kêsambut | lena nèng madyaning aprang | sampyuh lawan Kyai Dipati Pêsagi | garwa kagyat miyarsa ||

5. mring pangandikanirèng raka ji | sakalangkung gêgêtun tyasira | kang garwa aturnya alon | pan sampun takdiripun [takdir...]

--- 70 ---

[...ipun] | ing Hyang Suksma pun Senapati | pêjah ing adilaga | tan dugi sang prabu | pêputra mring Senapatya | namung mawon ingkang kantun anglampahi | antuk sihing narendra ||

6. ya ta ngandika malih sang aji | lan maninge ingsun tari sira | prakara rayimu priye | Dipati Pathi iku | lawas nora maswi mring mami | sira pa trêsna maringwangLebih satu suku kata: sira pa trêsna mringwang | pa abot adhimu | yèn sira sih jênêng para | glis muliha yayi mring nagari Pathi | garwa sarêng miyarsa ||

7. marang timbalan dalêm raka ji | dangu tan sagêd matur mring sultan | wêkasan mijil waspane | alon munjuk wotsantun | inggih sêtya kula mring aji | yèn sae dados kadang | dèntên awonipun | amba tan arsa ngakêna | inggih dhatêng pun adipati ing Pathi | kêjawi mung paduka ||

8. pangengeran amba ing sayêkti | tan wontên gyan ing dunya ngakerat | ngamungna paduka katong | sarêng myarsa sang prabu | ing ature kang pramèswari | suka galih narendra | kang garwa rinangkul | inggih sarwi ingarasan | aran dika yèn mêngkono ari mami | lah sira kongkonana ||

9. mring rènira yayi adipati | ingkang garwa umatur sandika | nulya nimbali êmbane | èstri ing wijilipun | apan saking nagari Pathi | pan kinarya cundaka | winêling

--- 71 ---

pan sampun | sigra anulya lumampah | nyai êmban kinanthèn mantri satunggil | lampahe gêgancangan ||

10. lah ing ngriku duta kang lumaris | kang kocapa Dipati Santênan | sineba dening wadyane | Mangunjaya nèng ngayun | miwah ingkang para prajurit | andhèr mugèng ing ngarsa | lami tan winuwus | adipati ing Santênan | datan maswi mring kang raka sri bupati | karsanya malik tingal ||

11. nêdya mêngsah ing raka narpati | purwane duk Madiun samana | merang kantun pakaryane | duk nata tindak laju | sing Madiun arsa anggitik | nagara Pasuruan | kala pêjahipun | Dipati Kanitèn ika | Adipati SantênaSantênan nora mêlêngi | mantuk kangên mring garwa ||

12. mila sangsaya merang ing galih | sêdya mêngsah mring raka narendra | wus parentah ing wadyane | kinèn bêbahak dhusun | apan inggih ing têpis wiring | salèring Kêndhêng arga | ya ta kang winuwus | lampahe ni êmban prapta | ing Santênan laju marêk ing dipati | datan mawi larapan ||

13. adipati kagyat aningali | mring ni êmban alon angandika | dene sira têka kene | apa sira ingutus | ni mbok êmban umatur aris | inggih lampah kawula | dinuta sang ingrum |

--- 72 ---

kalawan rakanta nata | salam donganipun kangjêng sri bupati | dhawuha mring paduka ||

14. wêlingipun rakanta sang dèwi | sira matura marang yayi mas | apa tan wêlas maring ngong | dene ta ariningsun | nora seba marang Matawis | lawan apa tan sêdya | anjunjung kang sunu | pangran dipatyanom ika | lawan malih rakanta aparing nyamping | satunggal mring paduka ||

15. kalih raka jêngandika inggih | mundhut sawung dhumatêng paduka | dipati gumujêng linge | baya maras ing kalbu | kakang êmbok dumèh sun iki | tan seba mring Mataram | ya matura besuk | ingsun sowan mring Mataram | sarta mapag mring kakang lan sawung iki | loro sira matura ||

16. dene ingsun pinaringan nyamping | iya bangêt ing panuwun ingwang | lah wis muliha dèn age | aturna bêktiningsun | mring kakang bok lawan sang aji | sigra mundur ni êmban | mring Mataram mantuk | tan kawarna lampahira | ingkang kantun ki adipati ing Pathi | apan maksih sineba ||

17. angandika Adipati Pathi | mring wadyane aran Patradita | hèh Patradita sira ge | mring Mataram sun utus | aturêna ing bêkti mami | iya marang sang nata | lan suwunna ingsun | tumbak salandhehanira | Patradita anulya wau wotsari | gya mentar mring

--- 73 ---

Mataram ||

18. pêpatihe Adipati Pathi | tandya matur marang gustinira | Ki Mangunjaya wastane | kawula nuwun bêndu | punaparsa paduka gusti | utusan mring Mataram | dhumatêng sang prabu | nuwun waos mring rakendra | lawan kinèn ambahak ingkang nagari | salèr ngardi punika ||

19. angandika Adipati Pathi | wruhanira bapa Mangunjaya | ingsun arsa balik mangke | amungsuh kakang prabu | Mangunjaya sigra wotsari | yèn kenging tur kawula | sampun gusti mungsuh | lawan raka jêngandika | botên wontên ing awone marang gusti | tuwan arsa balika ||

20. adipati ing Pathi sru angling | lah mênênga bapa Mangunjaya | môngsa bisa wurung mangke | gèn ingsun arsa mungsuh | lawan kakang Prabu Matawis | wus karsaning Hyang Suksma | datan kêna mundur | apan ingsun wus miyarsa | lamun têmbe ingsun mungsuh kakang aji | wus pêsthi sun kasoran ||

21. yèn wus karsaning Hyang nora gingsir | wus tinêkdir lamun wong Mataram | amungsuh wong Pathi mangke | ya wus parentah ingsun | lampahana bahak nagari | gya mentar sakèh wadya | ambêbahak dhusun | ing Pasuruan Balora | lawan Jipang ingkang maksih amalahi | nênggih nagari Dêmak ||

22. lah ing ngriku nagari ing Pathi | kang kawarna nagari Mataram | ni êmban wau lampahe |

--- 74 ---

prapta Mataram sampun | sampun konjuk mring pramèswari | lampahira dinuta | miwah sang aprabu | pan sampun katur sadaya | tan kawarna samana sri narapati | miyos anèng paglaran ||

23. pêpak sagung punggawa kang nangkil | pra bupati lawan para putra | miwah kang santana andhèr | samya ngungkung nèng ngayun | myang Dipati Môndraka nangkil | lah ing ngriku kocapa | utusan kang rawuh | ingkang wasta Patradita | wus tumamèng ing ngarsa dalêm sang aji | Patradita tur sêmbah ||

24. amba ingutus rayi sang aji | nênggih adipati ing Santênan | angaturakên bêktine | lan kaping kalihipun | kinèn nyuwun waos sang aji | salandhehane pisan | kinarya amêthuk | barisipun wong bang wetan | apan arsa anggêcak nagari Pathi | mila rayinta minta ||

25. ngandika lon wau sri bupati | mring wong gêdhong lah sira pundhutna | iya tumbak siji bae | sigra tandya amundhut | datan dangu anulya prapti | sampun katur sang nata | ngandika sang prabu | marang sira Patradita | tampanana iya iki tumbak mami | wènèhna ariningwang ||

26. Patradita aturira aris | dene punika waos kewala | tan wontên ing landhehane | ngandika sang aprabu | sun tan duwe landhehan iki | amung tumbak kewala | wènèhna [wè...]

--- 75 ---

[...nèhna] riningsun | Patradita awotsêkar | atur pamit mundur sing ngarsa sang aji | mantuk dhatêng Santênan ||

27. Adipati Môndraka turnya ris | kadipundi karsa jêng paduka | dene sinung waos bae | tan na landhehanipun | angandika sri narapati | gih uwa wruhandika | si adhi rêp mungsuh | angayoni jênêng ingwang | lah ta uwa sakèhing wadya Matawis | sami aprayitnaa ||

28. tan adangu wontên duta prapti | saking Dêmak ngaturi uninga | yèn Pathi mêpak barise | sarta nêlukkên sagung | ingkang êlèr Warung wus kêni | nanging wadya ing Dêmak | dèrèng purun nungkul | pan mêksih ayun-ayunan | lah ing mangke paran karsa paduka ji | sang nata angandika ||

29. lah ta age abalia aglis | ya warahên si adhi ing Dêmak | têka amuwêra bae | utusan awotsantun | pan wus lèngsèr sing ngarsa aji | sang nata gya parentah | marang ing wadya gung | kinèn samya tata-tata | pradandanan sakapraboning ajurit | sang nata sigra jêngkar ||

30. kondur ngadhaton jêng sri bupati | kang sewaka sampun samya bubar | samya pradandanan kabèh | aprayitna sadarum | kang kocapa Dipati Pathi | apan lagya sineba | dening wadya

--- [0] ---

agung | prajurit pêpak sadaya | pêpatihe Ki Mangunjaya nèng ngarsi | lan Arya Sindurêja ||

31. Raja Manggala lan Sawunggaling | anèng ngarsa Tohpati ajajar | Binarong ika sandhinge | andhèr munggèng ing ngayun | lawan dêmang ing Surèngpati | lawan Ki Pêcattôndha | Kandhuruan ngayun | kang wasta Ki Wilatikta | de santanira Adipati PathiKurang satu suku kata: de santananira Adipati Pathi | pêpak andhèr ing ngarsa ||

32. angandika Adipati Pathi | hèh sakèhe para mantriningwang | miwah sanak ingsun kabèh | mring sira ingsun jaluk | rewangana ingsun puniki | amungsuh ing Mataram | malbèng latu ingsun | sun jaluk pati ripira | sakathahe para mantri awotsari | sandika tan lênggana ||

33. dipatya ngling wus pasthi Hyang Widi | lamun ingsun amungsuh Mataram | kabèh sun jaluk gawene | lah atêrna wak ingsun | mring Mataram ingsun ajurit | iya pangrasaningwang | datan mênang ingsun | pasthi manira kasoran | têkèng pati paraning gon sun ngunduri | wus karsaning Hyang Suksma ||

34. mantrinipun kabèh samya nangis | sarwi matur marang gustinira | panêdha kawula anggèr | sampun anuli lampus | pan kawula apêjah dhingin | aprang lan wong Mataram | yèn amba wus lampus | ing wuri sakarsa tuwan | ulun têdha paduka kantuna mukti | dhumatêng ing Hyang Sukma ||

--- [0] ---

35. Sawunggaling nulya matur aris | adhuh gusti kawula pangeran | paduka mlêbêt bramane | arsa mêngsah Matarum | pan kawula yèn sampun lalis | kalamun tuwan seda | yèn amba wus ajur | yèn kriyin paduka seda | pan kawula tan sagêt angawula mring | liyanipun paduka ||

36. mantrinipun samya atur pêksi | tan ana gèsèh samya mangkana | sami wutah prasêtyane | Dipati Pathi muwus | sun tarima sêtyanta sami | winalêsa dening Hyang | sigra nulya mundhut | arta lawan busanaKurang satu suku kata: arta kalawan busana | anggêganjar wadyanira wus waradin | tan ana kaliwatan ||

37. sigra kinèn atêngara baris | bêndhe tinêmbang munya angangkang | baris sampun pêpak kabèh | bêdhil mariyêm agung | kalantaka bainèt karbin | miwah banderanira | tuwin umbul-umbul | asri lan krapyaking watang | lir samodra bêlabar gêgaman Pathi | lir wukir kawêlagar ||

38. ya ta budhal sakèhe kang baris | Adipati Pathi anèng wuntat | ginarêbêg ing wadya kèh | anitih kuda sampun | ingkang wasta pun yudasari | ulês kuning apelag | pinêngangge murup | wadya prasamya prayitna | polahira wong Pathi lir banthèng kanin | anglir wagra tanaya ||

39. tan kawarna lampahe wong Pathi | winurcita Sang Rajèng Mataram | sineba ing mantri

--- 76 ---

andhèr | pajinêman gya rawuh | ngarsanira sri narapati | angaturi uninga | dhumatêng sang prabu | rayi paduka Santênan | sampun budhal ing mangke wontên ing margi | anglurug mring Mataram ||

40. ya ta ngandika sri narapati | lah sakèhe wadyèngsun Mataram | padha siyagaa kabèh | ngiringa putraningsun | Adipati Anom Matawis | ingsun kinon amapag | wong Pathi prangipun | lan sakèhe pra sêntana | siyagaa sakapraboning ajurit | poma dipun prayitna ||

41. Adipati Môndraka turnya ris | kadipundi ing karsa andika | anglampahakên putrane | inggih pangraos ingsun | rayi dika Dipati Pathi | yèn dede jêngandika | tan lawan prangipun | Panêmbahan angandika | inggih uwa putra dika sun prih eling | malah adadi wirang ||

42. lah ta wêkas ingsun putra mami | pamanira sira elingêna | Mataram iku darbèke | dene arsa amungsuh | marang ingsun tan sun ladèni | lamun pamanira mêksa | nora gêlêm mundur | têka sira ladènana | ing jurite nanging ta dèn ngati-ati | pamanira prawira ||

43. lah ta uwis budhala ta kaki | iki tumbak lah sira agêma | kang putra atur sêmbahe | lumèngsèr saking ngayun | nulya budhal sakèhing baris | lampahipun atata | pan gêgaman agung | tinon [tino...]

--- 77 ---

[...n] saking ing mandrawa | kadya arga kawêlagar ingkang baris | tan kawarna ing marga ||

44. kawarnaa Adipati Pathi | sampun prapta ing Taji barisnya | Kêmalon pasanggrahane | wong Mataram wus rawuh | Parambanan dènira baris | samana sampun tata | kasaput ing dalu | datan kawarna samana | sarêng enjing Dipati Pathi lumaris | arsa angantêp yuda ||

45. kang kocapa gêgaman Matawis | sampun pangkat prayitna ing baya | arsa amapag juride | marang wong Pathi iku | ya ta kandhêg baris Matawis | Pangeran Adipatya | angandika asru | lah sakèhe wong Mataram | ya andhêgên gêgamanira kariyin | sun arsa panggih paman ||

46. samya kandhêg sakèhirèng baris | Jêng Pangeran Dipati Mataram | arsa manggihi pamane | aris ing tindakipun | apan namung wong magêrsari | kalawan upacara | ingkang atut pungkur | kalawan para santana | jêng pangeran sinongsongan kartas kuning | ujwalanya kumilat ||

47. Adipati Pathi aningali | sigra tanya marang wadyanira | sapa ta ingkang marene | lan upacaranipun | kèring dening wong magêrsari | apayung kartas jênar | warnane abagus | anulya pinarêpêkan | Adipati

--- 78 ---

ing Pathi awas ningali | kalamun ingkang putra ||

48. Adipati Pathi asru runtik | ing tyasira apan sangêt merang | dene ta namung putrane | kang mapag juritipun | pan rumaos dipun bocahi | asru dènnya ngandika | dhatêng atmanipun | lah ta êndi bapakira | lawan sira marene kinèn punapi | kang putra sigra mojar ||

49. raka andika gih anèng wuri | pan kawula kang kinèn mêthuka | ing sampeyan parentahe | kawula kinèn matur | jêngandika arsa punapi | lumampah ing Mataram | ngirid wadya agung | pangandikane rakanta | sawarnine nagari Mataram inggih | kagungan jêngandika ||

50. Adipati Pathi sigra angling | lah mênênga kaki putraningwang | ingsun wêruh ing galihe | ramanira karuwun | wus basane ngenaki ati | ingsun dèn prih mundura | sun tan nêdya mundur | kulup ta sira balia | ramanira sira konên prapta aglis | ingsun mungsuhe yuda ||

51. angandika pangeran dipati | botên purun manira wangsula | raka dika timbalane | yèn dika botên emut | inggih kula kinèn ngladèni | ing jurit jêngandika | kang paman marêngut | dene ta kaliwat-liwat | bapakamu dèngêt le mêjananiKurang satu suku kata: bapakamu dèngêt le amêjanani | sira kinèn apêrang ||

--- 79 ---

52. apan sira nora sun ladèni | kang sun sêdya saka wismaningwang | bapakira prang lan ingong | rok bônda liru dhuwung | atandhing prang wulêting kulit | ngadu pucuking watang | myang atosing balung | diage sira balia | ramanira ajokna mapag ing jurit | sampyuh prang lawan ingwang ||

53. jêng pangeran dipati aruntik | lah ta paman ja kakehan ujar | sigra anyandhak waose | jêng pangran ngêmbat lawung | ingkang paman dipun larihi | kagyat sang adipatya | asru dènnya muwus | hèh ya iki bocah apa | dene bangêt lumuh ingsun karya bêcik | diaglis ge muliha ||

54. ingkang putra gya amatang malih | panumbake karasa yèn panas | kang paman sangêt dukane | nyandhak waosira wus | dan winalik buntar kinardi | putranira binuntar | pangran datan emut | rinêbut sagung punggawa | gya rinômpa binakta mundur agipih | mring pasanggrahanira ||

55. sêdya arsa utusan kang mantri | mring Mataram angaturi priksa | dhumatêng sri nara katong | yèn kang putra kêsambut | lawane prang Dipati Pathi | ponang cundaka mêsat | gancang lampahipun | ngriku Dipati Santênan | lajêng mundur sagung wadya mantri sami | asoa masanggrahan ||

56. Dipati Pathi dangu mring dasih | ya sagunge wadyèngsun [wadyèngsu...]

--- 80 ---

[...n] Santênan | prasamya rakit bètènge | lan dèn prayitnèng kewuh | lamun wadya Mataram prapti | angrangsang bitingira | kowe ja na mêtu | pamine dudu kakang mas | andhêlika bae nèng jêroning biting | wadya matur sandika ||

57. wau lajêng samya karya biting | wit galugu ing ngriku kinarya | tan dangu anulya dados | kocapa jêng sang prabu | ing Mataram anèng jro puri | lêlênggahan lan garwa | tuwin kang pra arum | sigra ingkang duta prapta | sing paprangan wus katur jêng sri bupati | cundaka glis ngandikan ||

58. gya tumamèng byantara sang aji | duta matur saha awotsêkar | kawula tur priksa rajèng | nênggih putra sang prabu | Pangran Adipati kapidih | wontên madyaning rana | prang lan rinta prabu | adipati ing Santênan | anêmêni panumbake mring putra ji | sultan kagyat miyarsa ||

59. wau ingkang garwa dinuk liring | kangjêng sultan alon sabdanira | ya kaya priye karêpe | lah bok ratu adhimu | ingsun duga dwe ati eling | marmane putranira | ki dipati iku | sun kon mêthuk kadangira | ya pamrih sun elinga sanakmu kuwi | dènnya darbe atmaja ||

60. mungsuh bocah têka dèn têmêni | arinira Dipati Santênan | nora eling mring atmane | mêngko priye karêpmu | apa sira trêsna mring mami | apa trêsna rinira |

--- 81 ---

kang garwa wotsantun | umatur sarwi udrasa | pan kawula sumôngga karsa narpati | tan ngraos darbe kadang ||

61. dhatêng rayi paduka ing Pathi | tan lênggana ing sakarsa nata | sanadyan wak kula mangke | yèn awon kang sinuwun | inggih dipun damêl punapi | suka dèn pêjahana | dhumatêng sang prabu | rayi dalêm ing Santênan | apan yêktos punika kalamun juti | purun dhatêng sang nata ||

62. Kangjêng Panêmbahan ngandika ris | apa têmên sira yayi rila | adhinira ing patine | kang garwa alon matur | pan kawula datan darbèni | tingal lyan saking tuwan | tan darbe sadulur | tuwan guru laki kula | dunya kerat tulusa dadosa gusti | kawula amawongan ||

63. sri narendra myarsa nglês kang galih | ingkang garwa anulya ingaras | adhuh jiwaningsun anggèr | tuhu sêtya maring sun | lah ta uwis karia yayi | sun tilik putranira | Ki Adipatyèku | kang kantaka anèng rana | ingsun tuwanane jurite si adhi | arsa ngayoni mringwang ||

64. gya siyaga wau sri bupati | sigra undhang ing wadya sadaya | kinèn amapag barise | nulya miyos sang prabu | kinèn nabuh têngara aglis | ki bicak wus tinêmbang | swarane angungkung | gègèr wadya ing

--- 82 ---

Mataram | pan sadaya prasamya amêpak baris | tan nêdya mundur ing prang ||

24. Durma

1. sampun pêpak gêgamanira sadaya | myang sagung pra bupati | miwah pra sêntana | sampun sami sanengga | sadandanirèng ajurit | Ki Adipatya | Môndaraka tan kari ||

2. sigra budhal wau kangjêng sri narendra | anitih kuda putih | wasta bratayuda | lampahe gêgancangan | nênggih kang para prajurit | anunggang kuda | punika kang tan kari ||

3. datan dangu tindakira sang narendra | marang sajroning biting | myang sagung bupatya | prapta kasaput wêngya | rêrêp wus panggih putra ji | Pangran Dipatya | wus mulya kadi nguni ||

4. ya ta sarêng ing wanci bangun raina | dènira pangkat jurit | ki bicak tinêmbang | swaranira angangkang | anglir karêngèng wiyati | sri naranata | anulya budhal aglis ||

5. pan gumuruh swaraning wadya Mataram | kocapa wadya Pathi | anèng jro bitingan | sarêng wau miyarsa | kalamun ki bicak muni | gègèr puyêngan | sagung wadya ing Pathi ||

6. kagegeran nèng sajroning pabitingan | apan ta maksih wêngi | kêlangkung pêtêngnya | gaman tan bisa tata | samya kuwur manahnèki | datan anyana | yèn nuli dèn dhatêngi ||

7. Panêmbahan lampahira anèng arga | Môndaraka tan têbih | wus prapta bitingan | samya ngulati dalan | arsa malêbêt [ma...]

--- 83 ---

[...lêbêt] ing biting | tan antuk marga | Ki Môndaraka aglis ||

8. narik katga wasta ki culik punika | binabatakên biting | galugu têtiga | watara sêdhêng kuda | Ki Môndaraka nulya ngling | inggih narendra | punika marga rêsik ||

9. wus malêbêt wau kangjêng sri narendra | marang sajroning biting | myang sagung bupatya | miwah wadya sadaya | pan samya angamuk wani | bala Santênan | puyêngan gègèr sami ||

10. kasalêpêk tan bisa makolihêna | marang gêgamannèki | pan kuwur kewala | sagung wadya Santênan | ingamuk wong ing Matawis | akathah pêjah | miwah kang nandhang kanin ||

11. apuyêngan gègère wadya Santênan | kang prawira anangis | dene nora bisa | amalêsa ngayuda | kapipit dene wong cilik | maos tan bisa | rêbah kapipit-pipit ||

12. prajurite Mataram prapta sadaya | wus malêbêt jro biting | pan angamuk rampak | wong Pathi kathah pêjah | prasamya anunjang wani | palayunira | samya ambyur ing warih ||

13. kali Dêngkèng anuju banjir samana | ladhu anggêgilani | wong cilik kèh pêjah | miwah prajuritira | katunjang dene wong cilik | anggêbyur toya | marmane akèh mati ||

14. adipati ing Pathi nora karuan | jisime tan pinanggih | wikana gêsanga | wikana yèn [yè...]

--- 84 ---

[...n] pêjaha | dinugi sampun ngêmasi | kalêbèng toya | jisime tan pinanggih ||

15. sirna gêmpang wong Pathi kathah palastra | sasisane kang lalis | lumayu sarsaran | mantuk dhatêng Santênan | ya ta wau sri bupati | karsa kundura | kondur dhatêng Matawis ||

16. wus bubaran wau kangjêng sri narendra | myang sagung pra bupati | tuwin pra sêntana | tanapi para putra | atata lampahing baris | kalangkung suka | sagunging pra prajurit ||

17. tan kawarna ing ngriku pan sampun prapta | nagri agêng Matawis | gya malêbêt kitha | wau ta sri narendra | ing pawatangan wus prapti | jêng sultan lênggah | munggèng bangsal pangrawit ||

18. pra bupati para putra pra prawira | tata nèng byantara ji | wadya kinèn bêksa | gôngsa muni jêngguran | suka rênaning wadya lit | agoragadha | kang mêntas unggul jurit ||

19. kangjêng sultan gêganjar mring wadyabala | sawênèh sinung linggih | kang weya ing karya | gya lajêng pinêjahan | kang byantoni sinung nagri | wus tan na kliwatanLebih satu suku kata: tan na kliwatan | sagung bupati mantri ||

20. nulya kondur wau kangjêng sri narendra | ngadhaton dalêm puri | sagung pra punggawa | santana tuwin putra | dan samya bubaran mulih | datan kawarna | kocap ngriku wus lami ||

21. Panêmbahan nalika jumênêng sultan | anèng nagri Matawis [Mata...]

--- 85 ---

[...wis] | langkung gêmah arja | nagri agêng MaramKurang satu suku kata: nagri agêng Mataram | suhud bêkti wadya alit | ngriku kocapa | samana sri narapatiLebih satu suku kata: samana sri narpati ||

22. nandhang gêrah nèng madyaning bale êmas | pra klangênan daganing | tuwin para putra | wusdene pra santana | mung Ki Môndraka tan têbih | jêng sri narendra | ngandika ririh mêling ||

23. lah ta uwa Môndaraka wêkas ingwang | iya Ki Mangkubumi | sagunging pra putra | dèn sami angèstokna | mring wawêkas ingsun iki | yèn ingsun seda | ingkang yugya gumanti ||

24. putraningsun Dipati Anom Mataram | jumênênga narpati | nèng nagri Mataram | sagunging putraningwang | padha angèstua sami | tuwa lan mudha | pundhinên mêling mami ||

25. disabyantu kadang aja na pêpeka | mring kang jumênêng aji | pan wus gaibing Hyang | kang nom wegya gumantya | karsaning Hyang wus pinasthi | putra miyarsa | sadaya nêmbah nangis ||

26. Panêmbahan ngandika wa Môndaraka | lan dhimas Mangkubumi | iya pêkênira | ingkang anjênêngana | mring putrèngsun Ki Dipati | jênênging sultan | mêngku ngrat ing Matawis ||

27. gih ta sampun wa kula pamit layaran | dipun bêcik ing wuri | ing ngriku jêng sultan | kondur mring rahmatollah | lir sinêntak wong anangis | garwa klangênan | prasamya anungkêmi ||

--- 86 ---

28. para putra sadaya nangis gumêrah | lajêng nguswa padaning | ngrama sami ngaras | ing dakar sri narendra | Ki Môndaraka nabda ris | mring kang karuna | padha mênênga dhingin ||

29. wus sinucèn layonira kangjêng sultan | gya sinalatakên glis | dan binakta sigra | dhumatêng ing astana | sagung ingkang putra ngiring | ing ngriku prapta | sinarèkkên tumuli ||

30. sawusira sinarèkkên nulya bubar | putra myang bupatiKurang satu suku kata: putra myang pra bupati | ngriku sinêngkalan | surude Panêmbahan | kadya ron tinata bumiSengkalan: kadya ron tinata bumi (1513 A.J.). | ya ta kawarna | sagung para bupati ||

31. sampun pêpak sami anangkil sadaya | miwah kang para mantri | tuwin pra santana | Dipati Môndaraka | myang Pangeran Mangkubumi | wus asewaka | arsa ngangkat narpati ||

32. Jêng Pangeran Dipati wus asiyaga | ngrasuk kaprabon aji | Dipati Môndraka | lan Pangran Mangkubumya | wus malêbêt jroning puri | Pangran Dipatya | sigra kinanthi mijil ||