Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 01–09)

Judul
Sambungan
1. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 01–09). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 10–19). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 20–28). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 29–37). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 38–47). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 48–57). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 58–70). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 71–82). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 83–91). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 11-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Rama

Anyariyosakên pêrangipun Sri Bathara Rama mêngsah kalihan Sang Prabu Dasamuka wontên nagari Ngalêngka, ngantos konduripun dhatêng ing nagari Ngayudya.

Karanganipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura, pujăngga ing karaton nagari Surakarta adiningrat.

[Grafik]

Sêrat Rama punika badhe kapacak ngantos satamatipun, sambêt-sumambêt kadosdene Sêrat Lokapala.

--- [2] ---

[...]

--- 3 ---

1. Dhandhanggula

1. jam asthenjang ari Sukra Manis | tanggal sapisan ing wulan Rajap | Alip kulangkir lambange | kasanga mangsanipun | wuku warigagung wus akir | nuju windu sêngara | angkaning kang taun | sèwu wolung atus lawan | sèkêt juga miwiti anêdhak sungging |[1] sêrat sambêtanira ||

2. Lokapala kang măngka rêngganing | pananggalan ing Ngayugyakarta | kang sampun winêdalake | ping tigang dasa wolu | dening toko Tuwan H Buning | kang mangkonèku dadya | ing pratandhanipun | majênge kang pananggalan | dene sêrat sambêtan dipun wastani | Sêrat Ramawijaya ||

3. amangsuli carita ingkang wis | duk bêdhahe nagari Ngayudya | kabrokan diyu wadyane | Dasamuka Sang Prabu | ing Ngalêngka kang jayèng bumi | pra dipati Ngayudya | bubar amalêdug | samya ngungsi marang wana | gunung-gunung kèbêkan wadya

--- 4 ---

lit-alit | giris mulat mring ditya ||

4. saungkure Sang Rawana Aji | laju gitik marang ing Kaendran | kêbut sawadyabalane | tan wontên ingkang kantun | ing wuri kang gumantya aji | Rahadyan Dasarata | dene Sang Aprabu | Banaputra kang wus lena | datan darbe putra kakung mung pawèstri | ran Dèwi Sukasalya ||

5. langkung endah citrane sang dèwi | ngasorakên apsari suwarga | siji tan ana iribe | wus ginarwa Sang Prabu | Dasarata minăngka padmi | suyut wong sanagara | sing prabawèng prabu | winongwong dening jawata | têmah wadya Ngayudya samya wêdyasih | sumungku ring narendra ||

6. ratu luwih kasusra ing bumi | awit saking kasujananira | anrus ing kasudarmane | lir pandhita linuhung | sumbagèng rat masthika manik | kathah kang para raja | kang sumiwi anut | anggêpe sami ambapa | datan kongsi pinukul saking ajurit | soring tyas kapandhitan ||

--- 5 ---

7. waskitha mrih ing pati patitis | tan antara minge ring panyipta | wignya moring batharane | ing sanalika tan wus | amèngêti kongasing bumi | Sang Prabu Dasarata | sampêt tyas kaprabun | ingkang padmasari purna | amudhari yayah sasăngka dhadhari | mêmangun nuluhi ngrat ||

8. tuwin tan anulak sri bupati | mring samoaning janma kang nêdya | sru niti parikrama rèh | tanpa sisihan nulus | dènnya sangêt agung sêmadi | srunya sihing bathara | nityasa manêkung | dera mrih arjèng kanang rat | tan amrih ayuning kaprabon pribadi | Sri Maha Dasarata ||

9. puja mantranira anêtêpi | sarta sihing mangkadeya warga | pinrih ywa dadya rêngate | mrih tyas kataman ayu | tuwin tabêting satru yêkti | ingakên tunggil darah | ing sakarsa sinung | nir kang tyas mawi sandeya | abipraya parênga rusakmutyaning | dènnyanggung tyas kadarman ||

10. soking driya ring panjinging kang sih | drêdyanira Prabu Dasarata [Dasara...]

--- 6 ---

[...ta] | tuwin yèn mawi danarèng | wadya ya akên jawuh | myang sêtya gêng mring siwi sori | marma prabu mangkana | pambêganira sru | kèh puruhitèng pandhita | dadya ing wasana rèh putus patitis | rêksakaning kanang rat ||

11. agung puja ring Batharendra sih | tuwin maring Sang Hyang Jagadnata | sanityasa sêmadine | marma kang para ratu | kanan kering anggêpirèki | mring Prabu Dasarata | samaning pandulu | sasat narendra bawana | dènnya parêk sinihan jawata luwih | winantu ing nugraha ||

12. dènnya Prabu Dasarata amrih | para ratu sami rahayua | menaka tyas sawadyane | mangkana kang winuwus | puranira sri narapati | sasat ing Endraloka | salir rêngganipun | prasada pasêmadenan | pan sadaya kanaka samya ingukir | kinêmbang ing sêsotya ||

13. datan ilang tinanya ingkang sri | tan pae lan pura Batharendra | liring ngupakara dene | dupanira kumutug | datan kèndêl ing siyang latri | marma [mar...]

--- 7 ---

[...ma] prabu mangkana | dènnya gung tumurun | kang asih para jawata | myang pandhita kathah kang asih nêdhaki | mring Prabu Dasarata ||

14. lawan wontên jro purèng narpati | witana mas mabusana rêtna | lir ingkang sêsotya kabèh | kèdêraning ing ranu | botrawimas sotya sinuji | tan wus ingucapêna | langêning kadhatun | wau ta Sri Dasarata | ing nalika tyasira arsa dhatêngi | wiyoga tiwikrama ||

15. kahyunira Sri Dasarata Ji | lêstaria arjaning kanang rat | sirêpa ing kalesane | mangkana sang aprabu | garwanira katiga sami | sinung wruh liring sêdya | têmbayanira wus | sadèrèngipun kagarwa | samya minta pêputraajalu sami | sori têtiga pisan ||

16. kang nimpuna jaya wijayanti | amunahna kalesa samoa | narendra nimbali age | pandhita kang linuhung | angungkuli samaning rêsi | Sang Bagawan Wasistha | prapta jro kadhatun | sang prabu gupuh amapag [a...]

--- 8 ---

[...mapag] | ring pandhita angrarêpa ngacarani | binêktèng pamêlêngan ||

17. sarta sangkêp sagung saji-saji | sawarnining wowohan sadaya | kang wangi-wangi gandane | sêkaran sadaya wus | kayu-kayu kang wangi-wangi | wus pinathi sadaya | pinipis cinarub | lan madu-madu sadaya | winor lawan arênging dupa anuli | sang prabu angandika ||

18. mring pandhita sangêt aminta sih | jroning puja nêkung jinurunga | pêputraa lanang mangke | kang prakoswa dibya nung | animpuna jaya jayanti | mungguh tinitisana | mring Bathara Wisnu | mugi pinăngkaa bapa | ing jalaran Hyang Wisnu dènira nitis | mring alam madyapada ||

19. amêngkua rahayuning bumi | sang pandhita mastuti ring sabda | para garwa katigane | kinèn samya matimpuh | angubêngi dupanirèki | Dèwi Kekayi nama | lawan Dèwi Ragu | yèku Dèwi Sukasalya | lawan Dèwi Sumitra katiganèki | samya ngubêngi [ngu...]

--- 9 ---

[...bêngi] dupa ||

20. garwa tiga kapat sri bupati | kalimane lan sang pinandhita | sigra lumêkas pujane | wau garwa katêlu | apan samya bênêr kênati | êning tyas paripurna | tarmingèng pandulu | Bathara Jagad Pratingkah | kang ingugêr pucuking ciptanirèki | ingakên ninging tingal ||

21. pan tinunjêm pratisthanèng galih | dupanira murub ngalad-alad | ulading dupa tingale | cinipta Sang Hyang Guru | sarêng tutug kukusing gêni | wau sagunging sarat | kang cinarub-carub | pathining kêmbang sadaya | kayu-kayu kang wangi kang lêgi-lêgi | cinêmplungakên dupa ||

22. sangsayayêm kukusing kang agni | dangu dènira malad pamuja | sirêping dupa nulya ge | pinêndhêt arêngipun | kinèn mipis cinarub nuli | ingurabakên nulya | sêkul lawan sayur | sinung ing garwa katiga | kinèn dhahar têlasa sami tumuli | binukti lan sang nata ||

23. luwaring kang pamuja sang rêsi | nulya bojana maha pandhita [pa...]

--- 10 ---

[...ndhita] | mèsêm alon ing wuwuse | kadi-kadi sang prabu | wontên ugi tingkah puniki | pitulunging bathara | sang nata andhêku | mugi èstua kang sabda | maha rêsi samana anulya pamit | mantuk marang aldaka ||

24. ingkang kari wau sri bupati | para garwa mantuk sowang-sowang | samya mring têpas wangune | mangkana sang aprabu | kocap dhatêng ngabên karêsmin | kalawan para garwa | cumbana anutug | ing antara lama-lama | samya wawrat garwane sri narapati | kang rumiyin ambabar ||

25. Dèwi Ragu jalu putranèki | Sukasalya nama Ramabadra | tan alami antarane | Dèwi Kekayi wau | babar kakung putranirèki | anama Radèn Brata | nulya malihipun | Dèwi Sumitra pêputra | jalu kalih Radèn Lêksmana satunggil | kang rayi Radèn Truna ||

26. tan cinatur diwasane sami | putra kapat sinrahkên pandhita | mring Bagawan Wasisthane | samya kinènmêmuruk [kinènmêmu...]

--- 11 ---

[...ruk] | sapratingkahing santa budi | budiman kasujanan | myang ngèlmu kaprabun | kasudibyan kawidigdan | kasantikan miwah jaya wijayanti | Ramabadra nimpuna ||

27. danurwedha kabudayan ngênting | apadene kang rayi katiga | wignya mèh kadi kakange | Ramabadra kang sêpuh | anglangkungi kawignyannèki | pinunjul kaprawiran | rananggana putus | kadi èstu tinarima | panjanmane Bathara Soman prajurit | Hyang Kesawa prawira ||

28. samya enggal sakawanirèki | putranira Prabu Dasarata | pandhita tumpêk ngèlmune | têlas saisinipun | putra kapat wus samya mulih | saking wismèng pandhita | praptèng praja kasub | lamun Dasarata putra | kapat pisan samya prawira ngajurit | nugrahaning jawata ||

29. putus saliring rèh kramaniti | kunêng wontên êmpuning pandhita | Sang Yogiswara namane | lan bagawan mitrèku | samya mirsa lamun putra

--- 12 ---

ji | Dasarata Ngayudya | sudira dibya nung | pandhita kalih lumampah | mring Ngayudya anjujuk sajroning puri | manjing tan mawi taha ||

30. Dasarata gupuh anêdhaki | mêthuk marang sang maha pandhita | tundhuk sarya lon dêlinge | kêmayangan ta ingsun | katamian sang maha rêsi | kang saèstu nugraha | êninging tumuwuh | tan parêk lawan druhaka | anauri pandhita sarwi alinggih | sawusnya ingacaran ||

31. inggih lêrês panabda sang aji | pan pandhita sihing puja măntra | kadi prapta sakayune | nanging sayêktinipun | botên sami lawan sang aji | tapane mêngku praja | sujananya tuhu | bisa busanèng kamulyan | ingkang têtêp sinung sih ing bathara di | tan pae lan jawata ||

32. dene lampah kawula sang aji | anêdha sihing sang maharaja | tinulunga karêksane | wukir pratapan ulun | dèn rusuhi maring rasêksi | tan kobêr amêmuja | gung dèn aru-biru | balane [bala...]

--- 13 ---

[...ne] Prabu Dasaswa | angrêrunah tan wontên rêsi kinèring | gègèr kang ulah puja ||

33. puyêngan yèn arsa asêmadi | rêksasa galak samya mêmăngsa | mila sang prabu ing mangke | têtulunga ing wiku | putrandika Ramabadrèki | punika paringêna | rumêksa ing ulun | sirnakna mungsuh rêksasa | sri bupati myarsa sang wiku dènnya ngling | tumungkul tan angucap ||

34. saking gunging trêsna marang siwi | tinêdha ing wiku asarana | rumêksa ing pratapane | nyirnakna kang arusuh | ambengkasa mungsuh rasêksi | sêrêt dènnya ngandika | wau sang aprabu | pan maksih rare punika | Ramabadra dèrèng pantês mangun jurit | mungsuh lawan rêksasa ||

35. prawira tur angebat-ebati | awidigda prakosa tur arda | kalangkung dede bobote | sang pandhita sru muwus | rêngên ta hèh sri narapati | sajatining utama | animbangi iku | barang jinaluk wong sanak | kang sajati jatining utama yêkti |

--- 14 ---

prabu aywa lênggana ||

36. apan wajib jênênging narpati | rumêksa ring barang kasusahan | titahing jawata kabèh | sintên ta kadi ratu | angluwihi samèng dumadi | sayêkti nambanana | susahing pra wiku | tan wontên kang kawajiban | amung ratu kang pasthi dipun aubi | marang isining jagad ||

37. yèn sagunging para susah ati | amintaa tulung mring satriya | dadi sih-sinihan bae | pan dudu wajibibun | ya mung ratu ingkang duwèni | anglêjarakên susah | marasakên wuyung | yèn jagad tan wontên raja | măngsa wontên pandhita para maharsi | tan wontên alul puja ||

38. lamun ratu tan wontên anênggih | para pandhita satêmah rusak | aru-ara karatone | marmane sang aprabu | sampun walanggalih ing siwi | kadi ta dede raja | linuwih sang prabu | lan putrandika kalihnya | Radèn Rama lawan Lêksmana sinêkti | pituruning jawata ||

39. măngka mayu ring

--- 15 ---

wong sêdhih kingkin | kêlar nulak ing mungsuh rêksasa | sampun susah dening rare | dumèh ta durung wêruh | ing gêgaman pangulah jurit | mungsuh rêksasa cidra | sudira dibya nung | sira Prabu Dasarata | ngunandika yèn purika wiku iki | gawe rêngkaning jagad ||

40. Dasarata sumăngga ring siwi | pintên barane dadi sarana | sang wiku lêjar nityane | nulya pamit sang wiku | putra kalih wau kinanthi | Radèn Rama Lêksmana | suka ing tyasipun | sarwi nyangking langkapira | cipta age wêruha rasaning jurit | malar dadi sanepa ||

41. solah tama kang arsa siniwi | awit saking rèhing kaprawiran | praptèng jawi kitha age | wau ta lampahipun | para cantrik samya asanti | ngigêl lumakwèng ngarsa | bêndhe cangkêmipun | kang samya lumakwèng ngarsa | kunêng marga samya anglètèr kang cantrik | amuwus jaya jaya ||

42. ya tawau kang satriya kalih | samya kumêdut baune [ba...]

--- 16 ---

[...une] kanan | apratăndha ing badhene | amunahakên satru | tanpa sesa mungsuhing rêsi | mawatang desa ramya | kathah kang kadulu | sri langêning pasawahan | alas-alas tan wus ucapên ing kawi | cinêndhak kang carita ||

43. langêning alas rêsmining margi | tan cinatur wus praptèng aldaka | cantrik kang kari sakèhe | gurawalan amêthuk | rêsi santi pating calêrik | angudanakên kêmbang | sumyur sru gănda rum | satriya kalih pan arsa | maring kêbon nalika mungsuh maharsi | prasamya ingadhangan ||

44. ingadhangan samya ngarih-arih | kinèn ecaa ing palênggahan | narpaputra wangsul age | sinugata wèh arum | lan sinungan jêmparing luwih | lawan winuruk samya | ing aji dibya nung | nuraga kawirutaman | kasantikan jaya jaya wijayanti | sawusnya winulangan ||

45. menggal anyakup satriya kalih | katampan kabèh wulang [wu...]

--- 17 ---

[...lang] pandhita | sigra têdhak saking gène | nyangking gandhewanipun | maring kêbon satriya kalih | angubêngi jajahan | pratapan sang wiku | wêkas lor kidul myang wetan | mèngêt-èngêt wau narpaputra kalih | ing wuri ana ditya ||

2. Pangkur

1. gumandhul ana ing êpang | Tathakakya namane kang rasêksi | angrêrusak karyanipun | ngarubiru pratapan | mêmatèni Si Tathakakya puniku | balane Prabu Dasaswa | prayitna satriya kalih ||

2. Sang Rama sigra amênthang | larasira mangeka padanèki | lumêpas sanjata mamprung | pêdhot tênggake kêna | Tathakakya tiba gêmbunge gumêbruk | kadya prabata anakan | tibane anggêgirisi ||

3. suka kang cantrik sadaya | dene sirna buta kang bêbayani | kabèh saisining gunung | samya suka sadaya | pitik iwèn sato ilang gêringipun | mong kidang sangsam andaka | sênuk mèmrèng [mè...]

--- 18 ---

[...mrèng] miwah kancil ||

4. nadyan gajah sami susah | tan ana kang wani angalap bukti | mila sato samya kuru | tan antuk amêmăngsa | amung warak kang mêndhêm kang misih lêmu | sanadyan kayu wowohan | tan kobêr awoh barindhil ||

5. mangkya sato samya luwar | labuh brata enggar angalap bukti | myang wowohan samya mêndhuh | sêkar-sêkar umêkar | samya eca tyasira sang maha wiku | sawusnya nir kang bêbaya | mangkana satriya kalih ||

6. dinus munggèng ing palăngka | tinuturan marang sang maha rêsi | hèh rungunên putraningsun | iya pitutur ingwang | sira uga panjanmane Sang Hyang Wisnu | sinungan karya rumêksa | rahayuning bumi-bumi ||

7. tan ana sangsayanira | iya êndi ana wong bisa luwih | tan ana sandhunganipun | sawatara kewala | marma sira sinung widagda dibya nung | dening bangun turutira | mring bapa rumêksèng rêsi ||

8. bengkas sêsukêr pandhita | nulusakên [nulusakê...]

--- 19 ---

[...n] ulah puja sêmadi | marma gung pahalanipun | nugrahaning jawata | sigra têdhak putra kêkalih mring pungkur | ana ditya saha bala | sakapraboning ajurit ||

9. ditya prawira Marica | gung aluhur kalane angèbêki | nginggal pratapan lir mêndhung | prapta kesis lir kilat | singa nabda gumuruh lir gêlap sèwu | satriya Rama prayitna | Lêksmana mênthang jêmparing ||

10. Lêksmana mangekapada | ditya ewon wau kang dèn lêpasi | sanjata dibya tumanduk | mangênèng kang danawa | kumarutug gêmbung pukang ingkang runtuh | cêngêl buta ingkang pêgat | gêlasah tumibèng siti ||

11. ditya kang kari sumahab | apêpulih ngêbyuki radèn kalih | Dyan Sumitratênaya wus | amênthang arda căndra | ditya niyup tinadhahan akèh rampung | kadya gunturing prabata | udan dhas gêmbung asrami ||

12. miris sagung kang tumingal | para cantrik tuwin kang para rêsi | dènnya dhas buta kumrutug | gêgêmbung buja pukang |

--- 20 ---

wau ditya prawira Marica dulu | ing wadya wil kathah pêjah | mangsah pêpulih krodha ngrik ||

13. hèh satriya ngêndi sira | mêmalangi mring lakuning rasêksi | kodhik kaladama tuhu | cêmêr gêlahing jagad | anauri hèh rêksasa wruhanamu | ingsun Dasarataputra | tinitahing bathara di ||

14. mayêng maharjèng kanang rat | sira kodhik migêna wong sêmadi | sigra mênthang larasipun | satriya Ramabadra | dyan lumêpas sanjata bajra tumanduk | ditya prawira Marica | kabuncang katubing angin ||

15. kadi kapuk sariranya | Sang Marica tibèng doh ing pasisir | buta bupati puniku | ingkang tunggu tampingan | andêling prang Risang Dasamuka Prabu | tumpêsan sawadyanira | mung Marica ingkang urip ||

16. wau kang jawatèng wiyat | samya ngudangakên sagung wêwangi | samya mangastuti umung | hèh Rama sadu dibya | wirotama hèh ri Dasaratasunu | wus eca sagung pandhita | mulya suka para

--- 21 ---

cantrik ||

17. satriya Rama Lêksmana | kondur saking rana para maharsi | sadaya samya amêthuk | ngrêrêpaangêngudang | Prabu Lokapala tan ana kadyèku | dhuh sutèngong sri krêtarta | kadya sor Lokendra mangkin ||

18. dene ta prabawanira | ing manusa pada gul-agul katri | sasat Hyang Siwah tumurun | hèh babo wruhanira | mêtonana sayêmbara putraningsun | Prabu Mantilidirêja | sayêmbara putranèki ||

19. kang panêngran Dèwi Sinta | ngupaya kang dadi jatukramèki | pan ora arsa tinuku | ing rajabrana kathah | ana ingkang dadi patêmbayanipun | ana gandhewa wasiyat | Sang Hyang Girinata nguni ||

20. singa-singa kawawaa | amênthanga maring gandhewa adi | nora pilih janmanipun | nadyan ta urakana | yèn kawawa mênthang langkapira jatu- | kramanira Dèwi Sinta | nadyan satriya bupati ||

21. yèn nora kuwawa mênthang | nora jatukrama putri Mantili |

--- 22 ---

pan wus akèh para ratu | nora kuwawa mênthang | sira besuk pasthi ing sayêmbarantuk | sayêkti kuwawa mênthang | langkape putri Mantili ||

22. pasthi jatukramanira | putriningkang Prabu Janaka luwih | tan ana timbanganipun | yèn ing manusa pada | nadyan para apsari suralayèku | kasoran rêbutan cahya | luwih putri ing Mantili ||

23. lan besuk sira amunah | ratuning wre Sri Maharaja Bali | amutêr sapuluh gunung | bengkas datanpa sesa | parandene sirna dening sira besuk | wus payo nuli mangkata | marang nagara Mantili ||

24. sun angrojong puja măntra | salamine sêmadiningsun iki | kabèh kaduwe sirèku | putra kalih tur sêmbah | sinanti ring maharsi cantrik gumuruh | mangastuti jayajaya | wus mêsat saking asrami ||

25. satriya Rama Lêksmana | rêreyongan akèh langêning margi | kêmbang-kêmbang lir manungsung | samoaning kamargan | kadya yayah nambrama pangèstunipun [pa...]

--- 23 ---

[...ngèstunipun] | pratăndha rèhingbawana | donira Sang Wisnumurti ||

26. praptèng Mantilidirêja | lampahira wau satriya kalih | Prabu Janaka winuwus | enjing duk siniwaka | putrinira kinanthi de maha prabu | tan pisah gandhewa ditya | wus munggèng ing păncaniti ||

27. ing panangkilan wus aglar | pra dipati tuwin satriya mantri | miwah para ratu-ratu | ngadêgi sayêmbara | pan supênuh surêm bagaspati têdhuh | nagri Mantilidirêja | lir guntur kang wukir Manik ||

28. praptanira narpaputra | sami piyak cingak dènnya ningali | panarkanira kang dulu | Bathara Kamajaya | lawan Sang Hyang Asmara milu tumurun | anjênêngi sayêmbara | rinubung satriya kalih ||

29. kawistarèng maharaja | pinariksa satriya saking wukir | pasayêmbara wus dangu | tan ana kêlar mênthang | ing gandhewa dibya mangkana ta sinung | Risang Dasarataputra | tinampan lajêng tinarik ||

30. pinênthang gêrèt swaranya [swa...]

--- 24 ---

[...ranya] | wus katarik tikêl kang gandhewa di | sigra tinêtêgan sampun | luwar kang sayêmbara | ingandikan narpatmaja praptèng ngayun | dhinawuhan lamun kêna | ing sayêmbara sirèki ||

31. katur kawijilanira | ing Ngayudya suka sri narapati | sigra nuduh kang ingutus | bupati mring Ngayudya | angaturi marang Radasata[2] Prabu | dèn enggal nuli praptaa | iya mring nagri Mantili ||

32. mêsat bupati caraka | tan kawarnèng marga lampahe prapti | nagri Ngayudya purèsuk | katur surating nata | ing Mantili marang Dasarata Prabu | patêmbayan tur uninga | yèn ingkang atmaja kêni ||

33. umanjing jro sayêmbara | angênèni mangkya putranirèki | pasthi jatukramanipun | ing putrèngong Ni Sinta | kakang prabu nuli praptaa dèn gupuh | nagri Mantilidirêja | ing panggihe nini putri ||

34. ngantos paduka kewala | langkung kagèt Prabu Dasarata glis | suwarèng wadya wus kumpul | budhal [bu...]

--- [0] ---

[Grafik]

Dèwi Kekayi. Dèwi Ragu. Dèwi Sumitra. Prabu Dasarata. Bagawan Wasistha.

--- 25 ---

[...dhal] Sri Dasarata | saking kitha swaraning bala gumuruh | wahana turăngga liman | palăngka jêmpana joli ||

35. kêrig punggawa Ngayudya | tan kawarnèng marga praptèng Mantili | Prabu Janaka wus mêthuk | tundhuk jawining kitha | Janaka ngling praptanira kakang prabu | sasat Sang Hyang Batharendra | nêdhaki maring Mantili ||

36. putranta Sang Ramabadra | kang angêntas sayêmbara ni putri | tuhu prawira dibya nung | kathah kang para raja | nora ana kuwawa mênthang puniku | gandhewa dibya têmbaya | mung Ramabadra sinêkti ||

37. binêktèng manjing kadhatyan | tan winuwus srining bujana krami | busêkan sapraja umung | swaraning nambutkarya | jaba ing jro sampêt langêning wêwangun | sumuking Endrabawana | apsari kathah danani ||

3. Asmaradana

1. tan wus wuwusên ing tulis | rêrênggan sang pinangantyan | pan sampun pinanggihake | putri Mantilidirêja | lawan putra Ngayudya | sinêmbahkên putri jalu | mring

--- 26 ---

rama prabu kalihnya ||

2. saèstu Sang Kamaratih | kacaryan kang sami ngayap | dulu risang pinangantèn | miwah apsari sawarga | anggung sêlar-sêluran | kayungyun samya tumurun | mring pura Mantilidirja ||

3. sagung ingkang para rabi | myang para cèthi sadaya | miyat ing sang pinangantèn | supe adhahar anendra | kacaryan dènnya mulat | ing sangkêp pêpelagipun | tan pantês tinoning janma ||

4. sayêkti para apsari | siniwèng endrabawana | datan winuwus rêsmine | cinêndhak ingkang carita | buru lampahing kăndha | Risang Dasarata Prabu | amit angundhuh kang putra ||

5. busêkan nagri Mantili | punggawa ingkang pinatah | umiring sang pinangantèn | mangkana Sri Dasarata | saking Mantili budhal | swaraning bala gumuruh | prapta sajawining kitha ||

6. kusut nagari Mantili | kadya koncatan sêsotya | coplok saking êmbanane | Sinta minăngka sêsotya |

--- 27 ---

nagri Mantilidirja | sayêkti êmbananipun | marmalum Mantilidirja ||

7. srining kang bala lumaris | busana kèhnekawarna | liman rata jêmpanane | punggawa lumakwèng ngarsa | Sang Prabu Dasarata | tan pisah lan putra mantu | ana wiku rodra rupa ||

8. Sang Bagawan Jamadagni | iya Sang Raja Bargawa | wiku dibya nung labête | mêdal saking wanapringga | sarwi amikul langkap | nêrak baris kang panganjur | jujug ing gène sang nata ||

9. godhèg wok bris angêbêki | ing jaja trus ing walakang | kempol asta wulu kabèh | gandhewa gêng panjang satal | anjujug narpaputra | sêsumbar ngajak prang pupuh | Ramabadra payo aprang ||

10. singa tiwas angêmasi | arja yèn ungguling aprang | yèn kasor sira dening ngong | sayêkti mati dening wang | yèn ingsun sor ing sira | yêkti ngong mati deningmu | kagyat sira Dasarata ||

11. glana Sang Putri Mantili | Dasarata angrêrêpa [angrê...]

--- 28 ---

[...rêpa] | nêmbah ing sang wiku age | saking sih mantu lan putra | dhuh sang wiku ampun ta | Ramabadra misih timur | tan pantês lumawan ing prang ||

12. lan andika wiku yêkti | dibya wirotamèng laga | kalangkung dede wawrate | Rama Bargawa tan mêndha | ing wuwus Dasarata | kèh pangrêpa tan rinungu | dyan wiku Rama Bargawa ||

13. lah iki gandhewa mami | payo ta sira pênthanga | yèn kongsi kapênthang mangko | ingsun kasor dening sira | lamun tan kêlar mênthang | sira kang kasor dening sun | wau sagung kangmiyarsa ||

14. samya marase tan sipi | kadya ngênêngakên napas | dyan satriya Rama age | mangsah sudira tantaha | sigra nanggapi langkap | tinarik gandhewa putung | Rama Bargawa duk miyat ||

15. tikêle langkapirèki | kucêm Sang Rama Bargawa | tumungkul alon dêlinge | lah panahên guluningwang | pan ingsun wus kasoran | margane mulih ta ingsun | maring ing Endrabawana ||

--- 29 ---

16. Sang Rama mèsêm tan angling | Rama Bargawa umêsat | mring Endraloka sirnane | sumêngka pangawak braja | nênggih dadya jawata | deparsi Rama Parasu | kêkêl anèng suralaya ||

17. wau kang samya prihatin | Sang Aprabu Dasarata | miwah wadyabala kabèh | luwar saking kingkin enggar | sigra sang maharaja | lajêng bujana anutug | lawan sagung wadyakuswa ||

18. langkung trusthanirèng galih | sirnane Rama Bargawa | wadya tinêngaran[3] age | budhal saking wanawasa | sumahab asrang-srangan | ing marga datan winuwus | praptèng ampeyan Ngayudya ||

19. gumêrah wong sanagari | jaluèstri asiyaga | mêthuk ing sang pinangantèn | lawan sagunging kamulyan | srining kang panambrama | jro kitha Ngayudya rawuh | wus manjing lêbêting pura ||

20. putra kalih sampun mungging | wisma mas parabot rêtna | parèbukalangkung sihe | miwah wong sadalêm pura | prasamya ragan-ragan | mangkana wau Sang

--- 30 ---

Prabu | Dasarata pagunêman ||

21. lawan santana gung alit | miwah sagunging punggawa | sang prabu arsa asèlèh | kaprabon marang kang putra | satriya Ramabadra | dènnya wus wiwekèng kèwuh | prawirotamèng alaga ||

22. sêdhêng madêga narpati | amêngku nagri Ngayudya | Prabu Dasarata supe | yèn ing nguni wus ubaya | kalawan ingkang garwa | Dèwi Kekayi puniku | ibunira Radèn Brata ||

23. ubayaniraKekayi | sadèrèngipun ginarwa | yèn pêputra jalu têmbe | mêngkua nagri Ngayudya | wau Sri Dasarata | amung putrane kang sêpuh | ingangkat madêg sri nata ||

4. Sinom

1. Sang Aprabu Dasarata | enjing duk miyos tinangkil | aglar satriya punggawa | saupacaranira sri | sarat tigasan asri | dènnyarsa madêgkên prabu | pira-pira kamulyan | wastra di badhe palinggih | lawan dupa kumutug rinatus gănda ||

2. saubênging singangsana | kinêmbang-kêmbang myang sari |

--- 31 ---

lêlèmèk mèsi kumala | sarinya rum amrik wangi | daludag ngapit-apit | pinulêt ing gănda marbuk | Sang Prabu Dasarata | ngundhangi kang pra dipati | yèn kang putra ingadêgakên narendra ||

3. tinarik ing singangsana | punggawa sami ngèstrèni | yèn ingkang rama magawan | bujana sumilih-silih | tuwuk sagung kang nangkil | sasolahe boja nutug | kondur Sri Dasarata | miwah kang putra narpati | angadhaton sarêng maksih nunggil pura ||

4. warnanên garwa kang nama | anênggih Dèwi Kekayi | miyarsa lamun sang nata | apasrah kaprabonèki | mring putranira mangkin | Ramabadra wus rinatu | marêk sarwi amular | wau Ni Dèwi Kekayi | ngundhat-undhat anagih kang patêmbayan ||

5. sru srama manguman-uman | aminta adêgira ji | mring putra Rahadèn Brata | Ramabadra pininta glis | maringa ing wanadri | Kekayi panêdhanipun | kêkês Sri Dasarata | nora nulak ing pakapti [pa...]

--- 32 ---

[...kapti] | wus rinojong Kekayi sakayunira ||

6. yèn Rama maksihèng praja | mêmangun tyas sănggarunggi | dadya Rama dhinawuhan | kinèn umarèng wanadri | tan lênggana ing kapti | Ramabadra duk tinuduh | wau Sang Dasarata | ngênês sarwi tilar puri | amakuwon kêbon manggèn patamanan ||

7. sumaput tanpanoning rat | Sang Dasarata Narpati | saking gêng trêsna kang putra | satriya Rama nulya mit | mentar maring wanadri | garwanira datan kantun | lan kang rayi satunggal | Radèn Lêksmana kang ngiring | putranipun Dèwi Sumitra kang tuwa ||

8. kang anom Rahadèn Truna | maksih kantun ing nagari | busêkan sagung punggawa | santana mantri bupati | samya nut anututi | ing Sang Ramawijayèku | samarga tinangisan | pinambêngan karsanèki | sampun kongsi paduka tumamèng wana ||

9. nanging Sang Ramawijaya | tan keguh aturing mantri | hèh sagunge pra punggawa | miwah [mi...]

--- 33 ---

[...wah] kang satriya mantri | aja na walangati | aprakara lunganingsun | saking pura mring wana | iki nugraha sayêkti | iya dene lumakwèng tuduhing bapa ||

10. purwane ana sarira | saking bapa kang akardi | wruh lor kidul kulon wetan | rinêksa sakaning alit | malah diwasa mami | lêhêng tumêkaning lampus | upama lêngganaa | papa paran kang pinanggih | kabèh samya sumiwiyèng ariningwang ||

11. yayi Brata madêg nata | nora pae lawan mami | lan padha sira matura | mring kangjêng rama narpati | aywa sangêt prihatin | mungguhing sariraningsun | têka dèn pasrahêna | marang bathara kang luwih | wus mangkana satriya Ramawijaya ||

12. lampahe kaluntèng wana | pra dipati maksih ngiring | drawasane diwangkara | sare ing wana sang pêkik | rinêksèng para mantri | samya sangêt aripipun | tumanduk paning cipta | wadya kadya dèn sirêpi | lingsir dalu satriya [satri...]

--- 34 ---

[...ya] Ramawijaya ||

13. lolos kalawan kang garwa | miwah kang rayi tan kari | Radèn Sumitratênaya | wadya tan ana udani | anglês titas pan anis | nungkulakên balanipun | wau ta tatas wetan | wadya gung mangsane tangi | samya kagèt tan ana sang narpaputra ||

14. satriya Ramawijaya | sinalasah tan kêpanggih | wadya gung samya karuna | bubar mantuk mring nagari | nagari sampun prapti | pra punggawa sadaya wus | lajêng tumamèng pura | prapta byantaranirèki | ing Sang Nata Dasarata anèng taman ||

15. mulat Prabu Dasarata | mring sagung punggawa mantri | kang samya atur uninga | sasolahe putranèki | sumêdhot tyasira ji | nir trêsnanira wadya gung | datan tumolih ing rat | orêk kapêtêk putêk ring | tyasnyawigar kawigaran praptèng jiwa ||

16. lumalyèng têpasing putra | tinon tan ana kaèksi | uyang kabèh kang sarira | ginănda candhana sari | tan [ta...]

--- 35 ---

[...n] măntra mawèh matis | liring kang samya kadulu | tan ana lumipura | dadya wau sri bupati | manah nglampus lampus tilar madyapada ||

17. gumêrah tangis jro pura | otêr gumêtêr pra èstri | misuwur ing sanagara | lir grah swaraning kang tangis | Sang Barata miyarsi | ing sedane ramanipun | tumamèng ibunira | sira Ni Dèwi Kekayi | Sang Barata duka ngundhat ibunira ||

18. hèh ibu kaliwat cacad | sira mring kangjêng rama ji | patinta pati drubiksa | gêlah-gêlahing sabumi | sira jalukkên mami | supaya madêga prabu | sira dosa ing jagad | sangêt mudhaningsun iki | têka sira jalukakên dadi raja ||

19. misih tiwasing wêweka | durung wruh ing krama yêkti | ing rèh pararsa parusa | sira kang dosa ing bumi | lawan kakang mas mami | durung măntra undha-usuk | nadyan karo Lêksmana | ingsun durung animbangi | pan wus olih widagda Sumitraputra ||

20. lan malihe iya pira | enake [e...]

--- 36 ---

[...nake] anèng nagari | jumênêng sri naranata | kadang tuwa nèng wanadri | pira lawase mukti | nèng madyapada puniku | tan wruh ing kadang tuwa | druhaka maring dewa sih | ing dêlahan patine amanggih sasar ||

21. kang ibu tumungkul merang | karuna mênggah tan sipi | sangêt runtike kang putra | Barata ngundhat-undhati | tan kobêr amênêdi | ing kunarpa sang aprabu | sagung kang pra santana | miwah tamantri bupati | samya nayut ing runtike kang Barata ||

22. sangêt bêkuhSang Barata | saya drês luhira mijil | wus tuntas sira sru mojar | apan ingsun datan apti | madêga narapati | pan ingsun pilaur nusul | milu sapêjah gêsang | matia anèng wanadri | apan wajib wong bêkti mring kadang tuwa ||

23. sayêkti liruning bapa | Lêksmana iku wus bangkit | parandene nora măntra | nêdya amadêg narpati | amburu krama yêkti | ngabêkti ing kadang sêpuh | saparan tan kantuna | ingsun malih misih

--- 37 ---

pingging | angur uga anusula marang wana ||

24. tan keguh ginagendholan | gumrah kang satriyamantri | bupati samya karuna | parèbu anut nangisi | amrih lêjara nuli | Sang Barata ing tyasipun | supaya nêlikura | mring kunarpaning rama ji | dangu-dangu mêndhak tyasira Barata ||

25. kèndêl runtik ibunira | sinantya tyas liring dadi | tumuntunging paripurna | wêkas-wêkasing dumadi | sigra amarentahi | mring wadya santana sêpuh | amênêdi kunarpa | saosan dupa wêwangi | tumundha ring pancaka panununira ||

26. sagung punggawa binêkta | mring Brata maring wanadri | sigra budhal lampahira | sakapraboning ajurit | pan nêdya amondhongi | kang raka ngaturan kondur | jumênênga narendra | Brata nêdya nyatriyani | lampahira wus prapta jawining kitha ||

27. kuda liman miwah rata | punggawa lumakwèng ngarsi | praptèng masuk sirèng alas | kêdalon sipêng sawêngi | enjing [e...]

--- 38 ---

[...njing] gya budhal malih | angupaya kadang sêpuh | sabên wukir sinasak | sring manggih talaga wêning | akèh sêkar putih kadya tyas Sang Brata ||

28. dènira bêkti ing kaka | amanggih pratapan malih | pandhita luwih sunyata | wadat kinasihan dening | jawata ingkang luwih | Sang Barata praptanipun | mèh sumurup sang hyang arka |[4] sang rêsi kagyat ningali | yèn wong agung kang prapta sigra pinapag ||

29. gupuh lawan cantrikira | sigra dènnya ngacarani | munggèng mandakining ditya | kinambang gène sang rêsi | balane angubêngi | tembak satêpining ranu | pandhitèku minulya | tamuan wong agung nênggih | sugatane wowohan sing suralaya ||

30. sarwi ngidung sêsêndhonan | asêlur para apsari | ingkang ambêkta sugata | angigêl kang para cantrik | dènira anampèni | pasugata ing têtamu | Brata eram tumingal | dadya asipêng saratri | dalu matur ing rêsi aminta têdah ||

31. ênggène sang narpaputra |

--- 39 ---

sang pandhita lingira ris | satriya Ramawijaya | ana wukir kidul iki | ngasrama langkung asri | nama gunung Kutharunggu | nèng kono puruhita | yèku pandhita linuwih | Radèn Brata lan sawadya enjing budhal ||

32. punggawa lumakwèng ngarsa | ing marga datan winarni | ing Kutharunggu wus prapta | suku jajahaning wukir | Radyan Lêksmana nênggih | kagyat dènira andulu | gêgaman agêng prapta | anyandhak gandhewa aglis | panarkane kadya mungsuh ingkang prapta ||

33. dangu-dangu kawistara | gêgaman ingkang lumaris | rata kèh liman turăngga | tan ana kaprabon jurit | mung upacaranèki | kadya wong agung bêburu | dangu-dangu katingal | sadaya kang anèng ngarsi | datan pandung mantribupati Ngayudya ||

34. umatur marang kang raka | tan antara Brata prapti | mangsah manêmbah ing raka | karuna nungkêm padèki | matur atur udani | yèn seda ramanta prabu | dhuh paduka kondura [kondur...]

--- 40 ---

[...a] | umadêga narapati | pan kawula ngamping-ampingi nyatriya ||

35. sarêng miyarsa turira | kang rayi Brata prasami | karuna Ramawijaya | miwah Sang Putri Mantili | Lêksmana samya nangis | myang wadya kang samya dulu | samya anut karuna | wusirèng aso samya ring | angandika sira Sang Ramawijaya ||

36. hèh ta yayi Brata sira | muliha maring nagari | umadêga naradipa | turutên tuduh ngong yayi | aywa watir ing kami | dupèh ana ing wana gung | pan wus tuduhing bapa | sira ngayomana yayi | wadyabala sagotra lan kulawarga ||

37. kang rayi matur tur sêmbah | pukulun anuwun runtik | pintên ta suka arjanya | kawula madêg narpati | sêdhêng duk aningali | kadang tuwa anèng gunung | anggung kawêlasarsa | druhaka maring dewadi | madêg prabu kadang tuwa mangun papa ||

38. kalawan inggih paduka | sampat madêga narpati | wus wirutamèng wêweka | putus anrus kramèng [kra...]

--- [0] ---

[Grafik]

Prabu Barata. Para punggawa ing Ngayudya. Sri Bathara Ramawijaya. Radèn Lêksmana.

--- 41 ---

[...mèng] niti | prawira ing ajurit | gunawan pratamèng tanduk | sêdhêng rêksakaningrat | mèsêm Ramawijaya ngling | aywa pugal hèh turutên tuduh ingwang ||

39. kang rayi nêmbah karuna | suka pêjah ing wanadri | Rama ngling yèn lumuh sira | dadi niaya ring bumi | sapa takang dèn siwi | ing wadya Ngayudya iku | myang sanak-sanakira | sira minăngka sun yayi | yèn lumuha sira durakèng nagara ||

40. kang rayi ajrih mopoa | cipta druhakanirèki | nampik ing rèh kadang tuwa | dadya tur sêmbah nuruti | inggih kawula darmi | lumampah sarta lan tuduh | Risang Ramawijaya | sukèng tyas ngandika aris | poma yayi rèhrahayu wijilêna ||

5. Mijil

1. lamun sira madêg narapati | yayi wêkas ingong | apan ana ing prabu ugêre | sastra cêtha ulatana yayi | omahna dèn pêsthi | wulanging sastrèku ||

2. rèhning janma tama nguni-uni | kang mêngku kaprabon | ingkang nistha kawruhana kabèh |

--- 42 ---

miwah madya utama ywa lali | liring siji-siji | dèn kêna ywa tungkul ||

3. tindaking nistha măngka wêwêdi | têmah tan anggêpok | ingkang madya rêsêpana kabèh | mring utama sira dèn kapengin | dèn kadi sira mrih | sêngsêming dyah ayu ||

4. nistha iku tindak walangati | saliring pakewoh | iya belabela ing ciptane | mring santana myang punggawa mantri | anggung sănggarunggi | andhêdhêr pakewuh ||

5. tan wun ing rèh ing don nêniwasi | ambêg kang mangkono | ing madyane ilangêna kabèh | dèn patitis awrat sănggarunggi | utamane yayi | kabèh dèn kêcakup ||

6. ala ayu pan darbèkirèki | ing rat tanpa kewoh | ingkang ala prihên ing bêcike | pinèt ing suka dinandan ugi | warêgana ping ping | jêjêlana wuruk ||

7. ing kadarman wruhna pakênaning | pètên sukaning wong | barang karya ana bêbukane | wineweka ing rèh ingkang isi | alêlawan [alêla...]

--- 43 ---

[...wan] bêcik | tuwin gampang ewuh ||

8. yèn wadyanta binobot pinardi | tyas mèsi pakewoh | agung bêbaya ing wêkasane | kang mangkono kêkêsên tumuli | iku tan winaris | ing gunêm rahayu ||

9. pan lêlima ika bêbayani | gunggunging pakewoh | dèn prayitna ing wadyanira kèh | sasat mungsuh angêpung purèki | iku dèn pakeling | kang rayi wotsantun ||

10. Ramawijaya ngandika malih | dununging limang gon | kang angambah singgahana age | maring wana aywa mor prajèki | yêkti bilaèni | ing prajaninèku ||

11. dhingin maling kapindho ya maling | yayi maling wadon | ping tri janma bêbegal karyane | kaping pat yayi bêbotoh juti | ping limane yayi | wong kinanthi ratu ||

12. kudu-kudu mrih awak pribadi | lali ing lêlakon | ratu iku ratune wong akèh | lan gunême kalamun tinari | pasamuan sami | nora bisa mêtu ||

13. mêngko [mêng...]

--- 44 ---

[...ko] lamun bubar kang tinari | dènira sang katong | tumarutul duwe atur dhewe | kang mêngkono gêgêdhêging bumi | yèn ratuangathik | mring wong liyanipun ||

14. anyênyêngkah ing rèh karoron sih | rèhmung awak ingong | anggung kinèn dahwèn pati opèn | panastenan rupak samodrèki | yèku ngêngêmbangi | prajanira kuwur ||

15. karane yayi wadyanirèki | kang tuwa kang anom | prawignya kang wruh ing sêmu sumèh | ing pasêmon sumingkiring sisip | lumêbêting sèsthi | susila rahayu ||

16. nora arda asor yitnèng krami | andêlên ing kewoh | kang nora mrih ing awake dhewe | putusing wekamengo ing sirik | yêkti rèhing dadi | manasaring laku ||

17. yèn ana wadya sabarang kardi | rêmên anggêgawok | kumawêruh ing pagunan kabèh | kabangkitan mung ngrungu nênêmpil | tan darbe pribadi | nganggêp ngaku-aku ||

18. miwah yèn aprang [a...]

--- 45 ---

[...prang] andhêdhingini | sru polah lok-alok | ing batine angêmpèk kuwanèn | iya dudu duwèke pribadi | kang mêngkono yayi | prênahna dèn gupuh ||

19. tunggu tampingan ing têpis wiring | anggêpe sumagoh | anèng praja pan dudu gawene | ngrêregoni ing wadya sru niti | iku wong baribin | yèn kinon têtunggu ||

20. nora duraka wong tunggu tamping | sapatute linyok | amrih aywa sinor ing mungsuhe | wênang mring mungsuh ngungkul-ungkuli | dèn wruh siji-siji | pakaryaning wadu ||

21. yèn ana wadya bangkit sayêkti | wirutamèng kewoh | animpuna ing guna yêktine | asring pèngêt ing wadya narpati | tuladan prayogi | myang sudira tangguh ||

22. pantês ta karyanên senapati | umatah palugon | tumontona wadya sakathahe | myang tibane tiba ing atêbih | kang liyan prajèki | prabune kang punjul ||

23. dewadya wruh susila [su...]

--- 46 ---

[...sila] sayêkti | prayitna tan awor | tyas patitis karahayon kabèh | konên wêruh laraning prajèki | lan enaking alit | iku dèn kadulu ||

24. pan wus ubaya ing narapati | rumêksèng kaprabon | kang wus têtêp rumêksa ing ngakèh | kalaraning praja dèn pakeling | larapana ing sih | wadya saprajèku ||

25. yèn wadyanira kang alit-alat |[5] sêtya ing pakewoh | botana ing sih sinimpên bae | pae kang wus satriya dipati | singa upamèki | ing karosanipun ||

26. măngsa nganggoa ya diwuwuhi | wus watêke gêro | iya amung tuhunira bae | ingkang dadi lan pasrahirèki | marang ala bêcik | ing prajanirèku ||

27. dèn prayitna pamulènirèki | mring wadya kang tanggon | ing ayuda tita sudirane | luwihêna luputên ing kardi | kang kari samya mrih | sumusul kadyèku ||

28. aywa na wor lan dibya sastrèki | ajanging kaprabon [kapra...]

--- 47 ---

[...bon] | ala ayu ing sastra tindake | ingugêman titi ingulati | ing rèh mingi ring sih | angiwakkên iku ||

29. lawan sêngsêming wadya gung alit | prihên ing lêlakon | kapandhitan ucapên dèn akèh | rasanana wêkasing aurip | kang rayi nuwun sih | karuna wotsantun ||

30. Ramawijaya malih mèngêti | yayi ana loro | luwih saking nyênyukêri rame | kêrêng drêngki singgahna tumuli | dosanya mrih sêdhih | krodhanya wor wuwus ||

31. sasat mêmitra lan mungsuh misih | rêrênggi palugon | de kadêrêng amrih kinawêdèn | iku dosane ngimbuh-imbuhi | durung wruh ing sisip | kasusu angrawus ||

32. kadyangganing menda dèn sandhingi | kayu wus tinotor | tulus suku tumrancak mêmènèk | nora sangsaya awira-wiri | darunanya sêbit | cacade gung nêpsu ||

33. lawan ana cacad agêng malih | wong kang gungkawuron | dhêmên minum alangên-angêne [alangên-a...]

--- 48 ---

[...ngêne] | cipta aring rusak kang katarik | lir kuthila wêgig | sabarang kawêtu ||

34. aywa padudon sabarang kapti | titise angradon | liwat ala iya pakolihe | tan wus saking angumpêt ing kapti | durni minta kèksi | sawadyaniraku ||

35. yèn sira yun amukul praja di | miliha kang kinon | punggawa kang lir singa lêkase | singaiku yèn nama wikardi | solahe awingit | tan arsa kadulu ||

36. yèn anêdya mamrih bêbayani | nanging jrih angewoh | yèn anêdya mrih kinèdhêpae[6] | graning krura solah gêgirisi | lir ambengkas urip | mung amrih panungkul ||

37. iku wignyane singa prayogi | waskithèng pakewoh | yèn sira mrih arta upêtine | salina punggawa kang tinuding | ingkang ambêg kambing | aja kang karuhun ||

38. ambêg singa kinèn mrih upêti | yêkti tanpantuk don | tuwas bêsêm jêr dudu gawene | pakaryane ingkang

--- 49 ---

ambêg kambing | tan kulinèng rêsik | caryanya mrih rêtu ||

39. gora-godha tan amrih mranani | sêngsêm ngoyog-oyog | mari-mari yèn wus pangarahe | tan taha yèn miyat nganan ngering | ring pangangkuh ngungkih | tingkahe nyarutu ||

40. iku lire yèn amatah kardi | pinaryoga kang wong | gampang angèl ana pêpantêse | barang karya aywa ngaping kalih | surêm surat rawi | elik tan mituhu ||

41. pama timur kinèn ingawêrit | lêlesohan nêmpoh | saliring rèh pan ana mangsane | tan kênayèn cinakrabawèng sih | ing don tan matitis | têmah arubiru ||

42. lawan bala kang asring nyidrani | sapêpadhaning wong | nora kêna dinuta yêktine | nora antuk pangupaya bêcik | karahayon sêbit | tiwas tanpa madu ||

6. Dhandhanggula

1. Ramawijaya lingira amrih | rumêksaa ing praja Mandhala | wêwêngkon sapunggawane | aywa sah sabên dalu |

--- 50 ---

wong dursila kêkêsên sami | amrih lêstari samya | kang ulah manêkung | asêmadi puja măntra | aywa kongsi susah karegonan maling | kabèh kang ulah puja ||

2. pakolihe kaduwe sang aji | ambumboni karahayoningrat | lawan ta yayi malihe | ambêcikana lurung | myang marga ring jaban kithèki | rèhên pêdhakna toya | sumbêr sêndhang sètu | pancur-pancuran têlaga | urut marga wèhana balesayêkti | wèh santosèng lumampah ||

3. upamane ratanira yayi | lan dipăngga wusnya pinalanan | winehan sênjata dene | mundhak santosanipun | pasthi kaot lawan kang lagis | wong alèrèn upama | nèng têpining ranu | wus ayêm nuli wuwuha | ana bale sayêkti wuwuh pan aring | wèh sukaning lumampah ||

4. apan ratu iku tyasing bumi | wus jangjine ayêm amrih suka | marang isining prajane | lawan ta malihipun | mêmulenên pandhita [pandhi...]

--- 51 ---

[...ta] rêsi | kang ulah kapandhitan | bojanên sakayun | srahna wadyanta kang mudha | konên nuduhakên pakarti prayogi | tindak sumiwèng praja ||

5. ulatana lirikên dèn kêni | wadyanira kabèh kang sineba | ana kang tuwa watêke | ana watêk nomipun | ingkang watêk tuwa yèn niti | karyanên tuwa-tuwa | aywanta raginung | darapon signya[7] gunanya | tohajiwasasana lairing kardi | panggahnirèng wêweka ||

6. rèhning sujanma kang nguni-uni | sayogya yèn alapên sadaya | tan wangwang rèh kamulyane | sarewa-rewanipun | lakokêna sapuluhnèki | malah dadia surat | surating krama wus | saliring sumewa pasang | ing pasanganing ayudadya palupi | rèhning anitir krama ||

7. sira yayi dèn mardi ing dasih | asihèng wadya dibya sumbaga | lan purwaka prawirane | yèn bala tan atantun | ing rewange barang prakawis | sumawawa [sumawa...]

--- 52 ---

[...wa] wus bisa | ing pangrasanipun | pan iku watêk durjana | tan wruh ayu gêrêngana dimèn mari | prihên amusawarat ||

8. apan uwis ubayèng narpati | amaraskên dasihing kang edan | amintêrakên bodhone | ambênêrakên bingung | marèkakên kang salah karti | ratu upama surya | surya padhangipun | maratani sabuwana | ora ana selak padhanging hyang rawi | amung lawan kinarya ||

9. singgahêna dursila sakèhing | weya sira sih janma santika | nuragèng jagad jagane | têtela yèn tiniru | kang durjana anêdya mari | yèn nora marènana | kinênaning tuduh | rêmêdên padha lan wisa | samangsane patènana rina wêngi | ulêr tan dadi dosa ||

10. upamardi jênênging narpati | ingkang praja dhukut anèng wana | katon saparibawane | isine alas iku | kaungkulan maranging ardi | sagunging wadyabala | alas paminipun | prabunya minăngka singa | karêksaning [karêksa...]

--- 53 ---

[...ning] singa pêtênging wanadri | yèn alase apadhang ||

11. dadi singa nora dèn kèringi | nadyan rosaa datanpa karya | budia aglis kênane | dadya wus jangjinipun | ratu iku asihing dasih | macan asih ing alas | wus ubayanipun | marmane prihên ubaya | punggawa gung têtêpe kang guna sêkti | kinênan saking boga ||

12. singa-singa yèn wadyanta sakit | tulungên dana miwah têtămba | dèn prapta ing sawarase | yèn sira nêmu mungsuh | kasor ayya sira patèni | kunjaranên kewala | sawataranipun | age nuli luwarana | rasukên dèn kadya kinakulit daging | walangati ilangna ||

13. wèhên bawa dèn pracayèng batin | kumandêle Hyang Jagad Pratingkah | sêdya yu ora-orane | nêmua tan rahayu | lamun bumi maksih dèn ciki | langit misih ngauban | sêktining tumuwuh | yèn tyasira nora was-was | maring mungsuh kang kasor ginawe [gina...]

--- 54 ---

[...we] bêcik | winalês ing jawata ||

14. kaluhuran kaprawiran sêkti | poma yayi musthikaning tekad | kang ngandêl marang satrune | winalês ing Hyang Guru | upamane ing tyas rêrênggi | ngalang-alang king ika | rêrênggining satru | yèn sira kumandêl pasrah | anglir agni tumibèng alang-alang king | kobar anuli sirna ||

15. kari bêktine lan asih wêdi | dènnya sangête kumandêlira | Hyang Girinata walêse | tyas sănggarunggi iku | salah cipta awalangati | kêkêmbang aniaya | apês têmahipun | datan antuk kaluhuran | nistha bae norantèk mungsuhirèki | yèn sira nganiaya ||

16. mung sadhela kèringanirèki | têmahane sira karusakan | jêr adoh lan batharane | kumandêl rèh rahayu | kaluhuran muwuh imbuhi | rinêksèng Widi dhustha- | nirèng satru mungsuh | rèhning rèh lêgawa marta | poma yayi têtêping luhur myang sêkti | mot marta paripurna [pari...]

--- 55 ---

[...purna] ||

17. sira dhewe aywa sah sêmadi | barang tindak aja parêk ika | anêdya rahayu bae | wong sănggarunggi iku | wong rêrêgêd apêsing bumi | wadhah guna santika | dibya miwah luhur | apura para marteka | yèn sira wis kumandêl marang dewa sih | kang nêdyalatan prapta ||

18. lamun sira amêngku marta sih | dadya rinêksa dene wus kocap | praja lus marta tindake | pinanjingan rahayu | arja papa mulya bilai | yèku tan ana ingkang | lyan saking Hyang Guru | sagunge ingkang tumitah | datan ana nglabêti sawiji-wiji | mung Hyang Jagad Pratingkah ||

19. sirnaning ala barang sêkalir | mung antêpira aywa sandea | nguni-uni utamane | omahna barang tinut | rahayune rèh wus pinanggih | yèn ana wong ngrancana | marang rowangipun | dohna prênahna dèn kiwa | poma yayi panggahên apuranèki | wêkasing kaluhuran ||

20. Brata nêmbah [nê...]

--- 56 ---

[...mbah] sumungkêm padèki | Sang Rêgawawijaya ngandika | wus yayi mangkata age | aywa lawas nèng gunung | ingkang rayi karuna amit | miwah sagung prawira | bupati wotsantun | sadaya sami karuna | ngaras pada wus têdhak saking ing wukir | Risang Kekayiputra ||

21. karsaning tyas Barata lirnèki | kadya mêntas ambêdhah nagara | ingkang boyongkên putrine | dènira tampi wuruk | saking raka pasthi kaèsthi | tumanêm ing wardaya | lumakêt jêjantung | acipta darmi kewala | têngga pura Ngayudya sabarang rèhning | sasolah bawanira ||

22. saking raka tan mingkêt ing kapti | kasudarman Rêgawawijaya | myang ambêg kapandhitane | myang rananggana putus | Sang Barata pama kaywaking | tinetesan dahana | tan antara murub | gunanya myang kasudibyan | kaprawiran jaya wijaya angênting | sumunu katoning rat ||

23. praptèng praja Ngayudya ri titis | samun angarang sêmuning praja |

--- 57 ---

kingkin agring kusut kabèh | mangkya sarawuhipun | Brata lawan sawadyanèki | sartantuk kang musthika | pinăngka dhêdhukun | dupi Brata manjing pura | kadyangganing dhêdhukun mawa usadi | Brata wus madêg nata ||

24. nagara gring mèh katêkan pati | tinrapakên wulang saking raka | musthika swada pamane | waluyaagringipun | ing Ngayudya rahayu malih | sukambêg sanagara | myang tani wăngsayu | narpaputra kasumbaga | karatone pinunjul ing kanan kering | rêrêping ripu rampas ||

25. kunêng ingkang têtêp ing nagari | kawuwusa sang narpatiputra | Rêgawa nèng wana gène | ing giri Citrarunggu | lan ari Sang Sumitrasiwi | putri Mantilidirja | priyanya tan kantun | mimba saking wukir Citra | Kutharunggu ana wukir dèn parani | sanggèn kang pinarêkan ||

26. samya gègèr pamêthukirèki | gurawalan pan sarwi karuna | miyat sang ditya polahe [polah...]

--- 58 ---

[...e] | mangkana lampahipun | Sang Rêgawa ye kang kinapti | marang wukir Dhandhaka | ing marga na diyu | ditya nama pun Wiradha | mêmatèni karyane siyang myang ratri | anggung lumaku nungsang ||

27. gêng aluhur Wiradha ngajrihi | suku kalih napak ing kêkaywan | myang pirit gunung sukune | astane kang lumaku | gêgilani gègèr samya jrih | singa ta kang pinaran | maharsi malêdug | miyat sang narendratmaja | datan ajrih umangsah lawan kang rayi | anyandhak siji sowang ||

28. astanira anulya sinêbit | suwak jaja praptèng ing wadidang | Wiradha pêjah tibane | kadya gurda gumêbrug | lajêng lampahira sang pêkik | ing marga wontên ingkang | pratapan linuhung | Bagawan Yogi punika | sru manêkung angraga jawata luwih | putusing paramarta ||

29. Bagawan Yogi mila martapi | sakanira lit dening kumêsar | non Sri Nglêngka prabawane | krurarda ambêg rusuh | agung anglarani [a...]

--- 59 ---

[...nglarani] ing bumi | dadya Bagawan Yogya | nênêdha dewa gung | rusake kang tindak murka | lêstaria rahayuning bumi-bumi | suka kabèh menaka ||

30. mangkya satriya Rêgawa prapti | praptane amêthuk gurawalan | asanti jaya wuwuse | hèh Rama sira Wisnu | ingsun amit marang sirèki | mulih maring kamuksan | swargaku ing luhur | tumamèng Endrabawana | wusnya sangkêp pawaka mulat andadi | Bagawan Yogi mojar ||

31. hèh ta Rama talalu bagyèki | nuli maringa dhepoke ika | Yogiswara Sutiksna ge | sira makuwèng ngriku | sakarsanta amrih lêstari | sang rêsi wusnya mojar | tumamèng ing awu | gêsêng sirna jiwa lunga | dadya ngungun Ramawijaya gêng ing sih | mring rêsi maskumambang ||

7. Maskumambang

1. dyan lumampah sira Ramawijayèki | lan ari Lêksmana | nut tirah-tirahing wukir | lan Dyah Mantilidirêja ||

2. nusup-nusup wau ta

--- 60 ---

satriya kalih | praptèng dhepokira | Bagawan Sutiksna Yogi | prayoga yèn dèn ungsia ||

3. dadya lami puruhita sang apêkik | langkung sukanira | Bagawan Sutiksna Yogi | ngèlmune tumpêk sadaya ||

4. ngèlmu dibya purusa pramarèng wèsthi | jaya kawijayan | sang bagawan langkung asih | marang Sang Ramawijaya ||

5. wus mangkana Rêgawa lami nulya mit | mimba sing pratapan | amanggih pandhita malih | samya sih mring narpaputra ||

6. sawusira puruhita nulya pamit | anjajah pratapan | yèn nuju kasaput ratri | saênggèn-ênggèn anendra ||

7. anèng wana alèmèk roning kaywaking | karangulu sela | yèn siyang samya lumaris | samya mrih manjangan kidang ||

8. lan samarga-marga tan pêgat sêmadi | pindha wiku dibya | sasat maharsi linuwih | tan măntra yèn rajaputra ||

9. akèh wiku samarga-marga ngampiri | sangsaya sudira | manggalanirèng atapi [a...]

--- 61 ---

[...tapi] | solahing wiku kaetang ||

10. ingkang samya akaton acawêt sami | babakaning kokap | sinandhang ayêm prasami | padha santosa ing driya ||

11. Narpaputra Ramawijaya lingya ris | hèh Sumitraputra | dulunên kang para rêsi | yèku tanpae lan sira ||

12. iya padha tinitah ing bathara di | yèku kang wus mulya | wus têka ing ngalamgaib | rèhning sarira bathara ||

13. nora nyandhang mangan nora walangati | kasêngsêm ing tingal | saking mantêp anêtêpi | dènnya mrih wêkasing pêjah ||

14. hèh têgêse yayi kang karasa sakit | kang angrasa lupa | nêpsu rêrêgêting jisim | yèn mantêp pan nora pira ||

15. wêdènana tyasira tan luput pati | pira kèhe iya | ing jaman urip puniki | lawase lan jaman pêjah ||

16. dadi sura manggalanira marining | mung sirèng jiwanta | kang alus pètên samangkin | kang wadhag aywa rinasa ||

--- 62 ---

17. pan si wadhag ngajak maring nora bêcik | lamun panggahana | pira kuwasaning eblis | angur ngêndi papèng pêjah ||

18. lamun mantêp sapadhêngêt bae uwis | sumuking pawikan | panarimanira dadi | nir lara nikmat gya prapta ||

19. kang anggusah ing cipta kang ngrasa sakit | ye kang pama mapag | kanikmatan bengkas sakit | mung mantêp gêgamanira ||

20. ing têgêse yayi ing urip puniki | yèn nora amriha | salamêt sajroning pati | yèku setan nunggang gajah ||

21. Sumitratênaya ngunandikèng galih | yèn sun turutana | pangandikane kang iki | nora mulih mring nagara ||

22. pasthi lali marang kasatriyannèki | sumungku nèng wana | kang rayi matur wotsari | punapa amilih papan ||

23. dupèh wontên ing wukir lan ing praja di | utamèng nagara | yèn sami marsudi budi | tapa tapaking warastra ||

24. mêngku praja amrih arjaning kang bumi | tumulung kalaran |

--- 63 ---

amarasakên ing sakit | anglêjarakên ing susah ||

25. pan rinêksa kalih-kalihipun sami | alus lawan wadhag | punapa nganggea milih | jêr sampun titahing dewa ||

26. pan tinitah manungsa awak puniki | sayêkti winênang | rumêksa wadhag sakêdhik | buwang dhiri datan eca ||

27. pae ingkang tinitah lêlêmbat sami | datan ngangge wadhag | sasuka-sukane dadi | atêbih lawan druhaka ||

28. pan paduka tinitah putra narpati | rumêksèng nagara | yèn tekad kadi maharsi | tulada sasolahira ||

29. yêkti tiwas satêmah rumêksèng bumi | ing batin kewala | panganggêp kadi maharsi | sok sampun niaya ing lyan ||

30. Sang Rêgawa tan keguh miyarsa kang ngling | pratisthaning driya | amung wêkasaning dadi | tan wruh laraning sarira ||

31. nora ketang yèn tinut ing kadang rabi | Rahadèn Sumitra- | tênaya lan garwanèki | putri Matilidirêja ||

32. mèh tan olih mung

--- 64 ---

liwung rumêksèng dadi | dadining ubaya | ubaya uwusing dadi | pati patitising têmah ||

33. wus mangkana emut sanalika nuli | mangsahalêlampah | wukir Dhandhaka wus prapti | gègèr wiku samya mapag ||

34. samya santi sukanya mring sang tinami | satriya lêlana | manggala sudirèng pati | enggar maharsi sadaya ||

35. saubênge wukir Dhandhaka malipir | maharsi sadaya | gêbèl satêpining kali | wukir Dhandhaka murwendah ||

36. dadya suka Ramawijaya ningali | doning rêsi samya | tansah amuja sêmadi | nanging asring kagegeran ||

37. dene kathah rêksasa angrêrusuhi | ngrabasèng pratapan | mangke praptane sang pêkik | kadya gring manggih usada ||

38. dadya arsa Sang Rama sihing maharsi | dènnya sami ulah | pêpuja miwah sêmadi | sêdya rumêksèng bêbaya ||

39. lamun dalu Rêgawa anggung sêmadi | yèn siyang [si...]

--- 65 ---

[...yang] cangkrama | lan garwa angambil sari | sadina-dina andurma ||

8. Durma

1. pan wus lami satriya Ramawijaya | munggèng Dhandhaka wukir | lam-lamên ing karsa | kunêng wontên winarna | Sarpakanaka rasêksi | pan kadangira | Dasamuka Narpati ||

2. pandhagane anama Sarpakanaka | mangkana duk winarni | lagya acangkrama | sira Sarpakanaka | ingutus prabunirèki | ngubêngi wana | praptèng têpining wukir ||

3. ing Dhandhaga mulat ing satriya Rama | cangkrama ing wanadri | lawan ingkang garwa | sarwi angalap sêkar | Sarpakanaka ningali | marang Rêgawa | dulur lan garwanèki ||

4. merang mulat marang Sang Ramawijaya | dènnya katon sarimbit | giwar palarasan | ngiwa mring gèn Lêksmana | pan sarwi amalih warni | rupa manungsa | mindha kênya rêspati ||

5. bau wijang sapêkak madyane lawan | bundêr prêmbayunnèki | rema wilis panjang | cahya amindha wulan | astane

--- 66 ---

gandhewa gadhing | dêdêg pidêgsa | akalpika kêkalih ||

6. manik mulya mubyar ngênguwung prabanya | dariji nglandhaking ri | kanaka pinacar | marang gène Lêksmana | mèsêm-mèsêm dènira ngling | hèh kakang sira | iki satriya ngêndi ||

7. kagyat mulat Radèn Lêksmana widagda | alon dènnya nauri | satriya Ngayudya | aran ingsun Lêksmana | sira iki ta wong ngêndi | dene nèng wana | apa si widadari ||

8. mèsêm angling ingsun iki tambanana | ilangna lara mami | brăngta marang sira | tan ana kang kacipta | payo kakang dipun aglis | manawa ika | kadurus lara mami ||

9. anauri Radèn Sumitratênaya | sun iki pindha rêsi | wadag tanpa krama | sira iku wong apa | warnamu ayu rêspati | atinggal krama | mêngko ingsun tuturi ||

10. umarêka marang kadang ingsun tuwa | manawa ananggapi | ika paranana | Narpaputra Rêgawa | pan ingsun tan kêna [kê...]

--- 67 ---

[...na] brangti | pan wus ubaya | lawan bathara luwih ||

11. iya ika satriya Ramawijaya | bok arêp ing sirèki | pantês sumiwia | abagus tanpa sama | sudira prawirèng jurit | sanjatanira | pangrusak satru sêkti ||

12. saanaknya sumandhing sasat pawaka | ambêsmi ing ajurit | putus tanpa lawan | anyirnakakên ika | ditya rubiru maharsi | sirna sakala | Sarpakanaka myarsi ||

13. ing dibyane satriya Ramawijaya | susahing tyas mong wingit | marang gèning Rama | prapta saha tur sêmbah | kadya mring Lêksmana nguni | pangucapira | Rêgawa mèsêm angling ||

14. tanpa gawe babo sira marang ingwang | ariku tanpa tandhing | Sinta araning rat | putri Mantilidirja | sanadyan para apsari | Ngendrabawana | tyas ingsun tan tumolih ||

15. liya namung putri Mantilidirêja | tan nêdya karêp malih | mara ariningwang | Si Lêksmana widagda | manawa arsèng sirèki | Sarpakanaka |

--- 68 ---

merang wangsul sira glis ||

16. pan sumandhing marang Lêksmana widagda | saha ngujar-ujari | araga lir garwa | masesa ing asmara | Lêksmana sandeyèng galih | dènnya wêweka | pinandêng wus kaèksi ||

17. dyan cinandhak pinuntir granane pêgat | mabur sarwi angêrik | wus jatining ditya | nangis sarwi sêsumbar | hèh Lêksmana dèn pakeling | sira ta kaya | Sarpakanaka mami ||

18. sun tuturkên iya sira mring si kakang | ditya prawirèng jurit | punggawa Ngalêngka | rêksasa tiga murda | Karadusana sawiji | padha prawira | iya dèn ngati-ati ||

19. sawusira pamuwus ingkang gêgila | niyup sakêdhap prapti | panggih lakinira | kalih sami punggawa | Karadusana sawiji | lawan Trimurda | Sarpakênaka nangis ||

20. kakang ingsun Trisirah Karadusana | tulungana dèn aglis | liwat saking wirang | sira tan anggraita | mungsuh kang sikarèng mami | Ramawijaya | ana arine [ari...]

--- 69 ---

[...ne] wêgig ||

21. ambêk wiku angragodha marang ingwang | anèng Dhandhaka wukir | ingsun datan arsa | mêksa cinandhak-candhak | pinuntir grana ngong iki | wusana pêgat | tanpa irung wak mami ||

22. nora matur marang prabuku Rawana | sira bae nguwisi | ngrabasèng Dhandhaka | yèn sira sih maringwang | Karadusana miyarsi | lawan Trisirah | sarêng anêpak siti ||

23. hèh ariku Sarpakênaka ywa susah | sun mulihakên mangkin | sigra budhal lawan | saha bala rêksasa | gumuruh margèng wiyati | ana salêksa | tinon anggêgirisi ||

24. ingkang wuri andalêdêg kang rêksasa | sakapraboning jurit | prapta ing Dhandhaka | sarêng masinganabda | gumuruh nginggiling wukir | sarêng putêran | yitna satriya kalih ||

25. mênthang laras Radèn Lêksmana widagda | singa maniyub kêni | ing sanjata dibya | kumrutug kadya udan | wangkening wil tibèng siti | atap galasah | ditya tanpa ngênèni ||

--- 70 ---

26. krodha butêng ditya prawira Trimurda | mulat wadya kèh mati | nêpak bau sigra | niyub anrajang mangsah | Ramawijaya sira glis | amênthang laras | nênggih panah dhadhali ||

27. watgataTrimurda jangganira pêgat | pisah tumibèng siti | sanjata anglanjak | dhadhalimamrih lawan | pira-pira kang rasêksi | parah kabuncang | cêngêl tumibèng wuri ||

9. Pangkur

1. galasah akèh kabuncang | pira-pira kang mangsah akèh mati | bengkas samya kabarubuh | lir gugrug kang parbata | ditya galak anglir sarpa solahipun | narendra putra minăngka | garudha prawirèng jurit ||

2. umangsah Karadusana | singa nabda Ramawijaya aglis | sanjata dhadhali mamprung | marang Karadusana | gulu pagas tiba pisah lawan gêmbung | pêpulih kabèh wadyanya | kadya mêndhung ing wiyati ||

3. ana kang nawat badhama | ananglimpung ana kang anjêmparing | kumêpak pok-pok [pok-po...]

--- 71 ---

[...k] kumêpruk | pandukirèng panulak | pira-pira sanjata dibya kawangsul | Risang Lêksmana widagda | sanjata ditya panangkis ||

4. kang raka narendra putra | anglêpasi ri kang panah dhadhali | tumpês tapis pan kapusus | wadya Karadusana | sirna gêmpang kadya bayu bajra muwus | jêmparing sang narpaputra | maharsi myang para cantrik ||

5. giris akêkês tumingal | ing yudane wau satriya kalih | mungsuh satus èwu-èwu | rêksasa krura mangkrak | ayêm bae tan rêkasa yudanipun | susun atimbun èbêkan | wangkening ditya rasêksi ||

6. sirnaning mungsuh rêksasa | samya mêthuk para maharsi santi | jaya-jayanira umung | samya ngudankên kêmbang | tuwin ing Kaendran sukanya kumucur | hèr ngambar kang kêmbang-kêmbang | wus prapta Dhandhaka wukir ||

7. wau takang kawuwusa | Sarpakênaka kang sangêt prihatin | tumpêsing ditya wadya gung | miwah lakine pêjah [pê...]

--- 72 ---

[...jah] | Si Karadusana Si Trimurda lampus | yaksendra Sarpakênaka | mring Ngalêngka tawan tangis ||

8. sarwi anapak gêgana | maring Nglêngka dumrojog manjing puri | panggih risang yaksa prabu | Buminata Ngalêngka | kasup ing rat nêggih karatone punjul | sagunging danawa ditya | diyu yêksa myang rasêksi ||

9. kang kauban ing akasa | kang kasăngga dening lumahing bumi | sumiwèng Ngalêngka Prabu | liyane kang manungsa | ratmakêtêr tumon kaprawiranipun | Prabu Ngalênggadiraja | Wisrawa ingkang sêsiwi ||

10. trah BramaLokapalendra | ingkang swami putri Nglêngka Sukèsi | sakawan ta patutipun | Prabu Rawana tuwa | kang panênggak Kumbakarna gêng aluhur | sasat prabata Malyawan | sudira prakosèng jurit ||

11. nulya ri Sarpakênaka | pan rêksasa kadya kakênya kalih | dene ta wuragilipun | Sang Arya Wibisana | Sri Gunawan pan undhagi ing tyasipun [tyasi...]

--- 73 ---

[...pun] | punika warna manungsa | marmane arupa janmi ||

12. saking pamujining bapa | tinarima dening bathara luwih | mila rupane abagus | dènnya warna manungsa | Arya Wibisana wicaksana putus | pasanging graita limpat | nimpuni sakèhing aji ||

13. wus ngadhaton sowang-sowang | ing Ngalêngka tan wuwusên ing tulis | kasor sri myang langênipun | pura Ngendrabawana | tangèh lamun cinatur srining kadhatun | warnanên ingkang lumampah | Sarpakanaka rasêksi ||

14. samana ing praptanira | sumungkêming pada palăngka aji | anjêrit pamularipun | wau Sarpakanaka | hèh prabuku Rawana yekang dibya nung | makêtêr saisining rat | miyat prabawa narpati ||

15. sampun simanungsapada | Ngendraloka Bathara Surapati | kasor ing payudan sampun | myang Prabu Lokapala | Banaputra tan ana ingkang tumangguh | ri kang sujayèng bawana | parandene ana

--- 74 ---

siji ||

16. satriya Ramawijaya | lan arine Lêksmana widigdèki | tanpa wadya praptanipun | anèng wukir Dhandhaka | kang miwiti nipiskên pagêr ta prabu | nyêmpal prabawanirèng rat | surane Si Dasarati ||

17. dhuh Buminata Ngalêngka | carakanta rumêksa ing wanadri | katri punggawa wus lampus | kakangku Si Trimurda | Si Karadusana lan sawadyanipun | tumpês tapis ing ayuda | prang anèng Dhandhaka wukir ||

18. ibêkan wangkening ditya | nglêlanangi èstu Si Dasarati | anumpês balanta prabu | lamun tan ngambêngana | ing Ngalêngka tan wande pinrêping pupuh | dera Sang Ramawijaya | krura sudirambêg wani ||

19. sanjatanya mêrtu juga | kang ambêsmi balanta tumpês tapis | ingsun kacandhak tanpèrung | pinuntir ing Lêksmana | dhuh prabuku pulihên wêwirang ulun | prabuku jayèng bawana | ing mangkya na ngrêregoni ||

20. mangkya balanta tampingan | ditya diyu sadaya kuru aking |

--- 75 ---

amamăngsa datan antuk | kabèh isining wana | dènnya takut marang Dasaratasunu | amolah sawênang-wanang | wèh pênuhing para rêsi ||

21. kabèh sining wohing wana | myang satoning ditya kang gung pinengin | marang ingkang para wiku | kondhange Si Rêgawa | jêr punika kang angrêksa para wiku | liningga-lingga jawata | wus sasat umadêg baris ||

22. gêgamaning puja măntra | lan sêmadi mungsuh Si Dasarati | lan garwane luwih ayu | binêkta maring wana | kasor kabèh apsari suralayèku | saisining Ngendraloka | kabèh pantês anyênyèthi ||

23. nadyan garwanta sadaya | nora ana kabèh kang animbangi | ngayapa kabèh puniku | ing garwane Rêgawa | ingkang wana kadya rinênggèng kêkuwung | dènnya kataman ujwala | garwane Si Dasarati ||

24. alapên kagarwèng sira | lalu eman kalap Si Dasarati | prayoga ing ratu agung | darbe garwa mangkana | kunêng

--- 76 ---

Sarpakanaka kèh aturipun | umadêg krodha sudira | prakuthu mangkrak mawêngis ||

25. hèh yayi Sarpakanaka | aywa lara dahat ta sira yayi | elingên prabawaningsun | kadangmu Si Rawana | jayèng jagad iya ngêndi ana ratu | sinêmbah ing sabuwana | kinajrihan ing sabumi ||

26. BaliSata niring jaja- | ningsun miwah liman Hyang Endra nguni | sinikêp upama dhukut | tanpa guna deningwang | nora beda wêtuning săngka mawêlu | sor têmpuh wêtuning surya | mangkono pamaning bumi ||

27. de bawane Si Rawana | apa guna sêdhih Si Dasarati | tuwin manusa puniku | ina datanpa bala | mung wong loro măngsa ngontragêna gunung | mungsuh Si Ramawijaya | kapusus nèng asta mami ||

28. sawusnya menaki cipta | mring kang rayi Dasamuka sira glis | sikêp tuwêk nêpak bau | sigra mabur mahawan | ing gêgana bala kang miyarsa nusul | pan sarwi amawa rata | Sang

--- 77 ---

Dasamuka Narpati ||

29. maniyup wus praptèng parnah- | ing Marica Prabu Rawana aglis | ing Mrica gupuh pinêthuk | wruh yèn prabune prapta | angrêrêpa Marica sumiwi dhêku | Sri Dasamuka ngandika | Marica dandana aglis ||

30. payo rumabasèng mêngsah | ing Dhandhaka gone kang pêksa julig | Si Ramawijaya iku | lan arine Lêksmana | dyan Marica marêpêki nêmbah matur | adhuh prabuku Rawana | sampun paduka marani ||

31. ing gèn Sang Ramawijaya | langkung sêkti kawula kasor jurit | katut pinanah ing lesus | pun patik salaminya | dèrèng manggih wong kêbat pamanahipun | kadya Sri Ramawijaya | atambuh ayêming jurit ||

32. myang arinira Lêksmana | nora sêndhu tangkêpe yèn ajurit | tuwêg paduka puniku | căndra datanpa karya | yèn lumawan marang Dasaratasunu | sura sêkti ring wêweka | RamaPrasuJamadagni ||

33. sapa sêkti [sê...]

--- 78 ---

[...kti] kang kadyeka | mung Parasu Ramabargawa nênggih | ing yuda marwasa sampun | Risang Arjunasasra- | bau sapa narendra kadya puniku | hèh parandene kawênang | ring sira Sang Jamadagni ||

34. sasat dewata mawantah | prabawane prabu ing Maèspati | kêna ring Rama Parasu | Rama Parasu kêna | ing Si Ramawijaya anèng wana gung | linawan datanpa bisa | mêtu sayêmbara nguni ||

35. nagri Mantilidirêja | para ratu kabèh tan ana narik | ing langkap Mantili iku | mung Sang Ramawijaya | bisa narik gandhewa dibya pinunjul | winuwus jayèng bawana | Si Tathakakya ing nguni ||

36. pinanah wus tanpa guna | pan kalangkung grudha Nurdhara julig | SiKaradusana lampus | aprang wukir Dhandhaka | karo tanpa guna Trisirah kapusus | tumpês tapis sabalanya | linawan sanjata siji ||

37. lêhêng paduka kèndêla | mangan minum wijah-wijah jro puri | kumondhang gêgănda marbuk | sampun [sa...]

--- 79 ---

[...mpun] asalah karya | arubiru marang Si Rama puniku | manawa têmah tan lana | marani Si Dasarati ||

38. nahan ature Marica | angaturi sampun lumampah jurit | lan amuji sêktinipun | risang narpati putra | Ragutama sura sudira dibya nung | kalangkung duka Rawana | Marica kogêgêdhêgi ||

39. cêmêr gêlahing bawana | gora-gora kodhik datanpa sêkti | dupèh ngalahakên iku | marang Rama Bargawa | jêr wus tuwa kisut luwange wus kêlut | Rêgawa sêdhêng karuna | sayêkti otote kêlit ||

40. marmane kasor ing aprang | anom mungsuh lawan wong kaki-kaki | dêlêngên mungsuh lan ingsun | dene nikêlkên langkap | ing Mantilidirêja gandhewa gapuk | pinangan ing bubuk lawas | kinêkês sinimpên lami ||

41. matèni Si Tathakakya | buta tiwas tanpa tuk sira puji | SiKaradusana lampus | Trimurda sabalanya | buta kêle taledhor marmane

--- 80 ---

lampus | lamun si padha galaknya | măngsa olèha matèni ||

42. de sira pinanah barat | barat ririh katonmu dhewe kêsit | ya saking wêdi-wêdimu | kêndho katonmu kêras | iya saking ala druhaka atimu | arêp amalika tingal | kasêktèning wong kopuji ||

43. gunaku tan kowicara | pratandhamu cêmêr amalik gusti | wusnya nguman-uman prabu | sigra narik căndrasa | hèh Marica dulunên patinirèku | Marica dyan ngrangkul pada | ngrêrêpa kasmaran ing sih ||

 


Tanggal: Sukra Manis (Jumungah Lêgi) sapisan (1) Rajap (Rêjêb) Alip: sèwu wolung atus lawan sèkêt juga (AJ 1851). Tanggal Masehi: Jumat 11 Maret 1921. (kembali)
Dasarata. (kembali)
tinêngêran. (kembali)
Lebih satu suku kata: mèh surup sang hyang arka. (kembali)
Biasanya guru lagu i: alit-alit. (kembali)
kinèdhêpake. (kembali)
wignya. (kembali)