Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 10–19)

Judul
Sambungan
1. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 01–09). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 10–19). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 20–28). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 29–37). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 38–47). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 48–57). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 58–70). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 71–82). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 83–91). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 20-01-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

10. Asmaradana

1. Marica umatur aris | kawula botên druhaka | saking gêng trêsna sang katong | tuhu-tuhu sêtya amba | marma tur kathah-kathah | sanetya kadrêman tinut | rèhning sang prabu sinewa ||

2. yèn botên ngarsakkên nênggih | sumăngga karsa paduka | ing siyang dalu asaos | ayahan paduka nata | yèn makatên ing karsa | kula kang malih warnèku | awarni kidang kancana ||

3. Rama Lêksmana [Lêksma...]

--- 81 ---

[...na] mrih têbih | ing wuri gampil paduka | putri Mantili kênane | sigra dhinahar turira | Marica kidang êmas | sarêng lampahira laju | prapta ing wukir Dhandhaka ||

4. balane ingantun têbih | mung karo kalawan kidang | Marica êmas wulune | alêmbut areyab-reyab | rêspati tiningalan | sira Dasamuka Prabu | silêman amping-ampingan ||

5. kidang umangsah tumuli | amalipir ing pratapan | putri Mantili duk anon | kidang kang wulu kancana | angglibêt linjak-linjak | putri Mantili umatur | bêbana marang kang raka ||

6. kidang upayanên aglis | Rêgawa nurut kewala | ing panuwunegarwane | kang rayi kinèn kantuna | atêngga ing pratapan | Ramawijaya sigra nut | ngungsir lampahing kidang mas ||

7. tutut yèn dèn parêpêki | cinandhak-candhak manculat | tinut saparan wus adoh | kidang apindha kasangsang | ngadêg kadi kêpalang | sinandêr mancolot [mancolo...]

--- 82 ---

[...t] asru | bramantya Ramawijaya ||

8. dènnya dangu datan kêni | saksana amênthang langkap | sigra lumêpas lampahe | kadya ginarit angganya | têrus rahnya drês muncar | Marica jiwanya mêtu | wêkasanira nèng dunya ||

9. sarta panjritirakadi | sêsambat Rama Lêksmana | Sang Putri Mantili kagèt | yayi Lêksmana dèn enggal | sinambat kakangira | têtulunga ariningsun | babo Lêksmana widagda ||

10. Lêksmana umatur aris | dede raka jêng paduka | punika kidang swarane | sampun tiniban sanjata | putri Mantili mêksa | pagene sira tan gupuh | pan iya sêsambatira ||

11. Lêksmana umatur aris | mila ta raka paduka | kasora kidang tandange | kawula ajrih nusula | dene sampun winêkas | têngga paduka kang kantun | Sri Sinta langkung dukanya ||

12. sarwi waspanya drês mijil | saking sandeyaning driya | rumaras saking gêng sihe | mring priya Ramawijaya [Ra...]

--- 83 ---

[...mawijaya] | pagene yayi sira | mopo tan purun anusul | kadangmu dhewe ing kana ||

13. Lêksmana umatur aris | sampun ta manah sungkawa | mangke pan inggih praptane | sarwi ambêkta kidang mas | sêndhu Ni Dèwi Sinta | mêngkono budimu kuthung | gêlah-gêlahirèng kadang ||

14. têgêse sira ing batin | sukur Rêgawa matia | sun gumantya ingrabine | angajap druhaka sira | lumuh ing pakon ingwang | pan ingsun ubaya tuwuk | matia Ramawijaya ||

15. tan acipta krama malih | aturun gêni kewala | yèn Raguputra patine | kênaa ing kidang êmas | sun pêdhot guluningwang | manjinga ing gêni murub | măngsa ngawula ing sira ||

16. Sumitratênaya sêdhih | tyasira pinaribawa | jawata ngawiyat kabèh | têdhaka anêksènana | duwea cipta ala | narakaasatus sèwu | mangkat angusapi waspa ||

17. garundêlan anèngmargi | muga tinawana

--- 84 ---

mangsah | ing mêngko sawuriningong | dene ta nora kajamak | gêtêr lor wetan ngakak | wiku tyas Lêksmana sadu | napa ta wus nusul têbah ||

18. sawurine Lêksmana glis | sang rêtna madêg mangalap | sêkar pratapan têpine | Dasamuka gya umangsah | sampun amalih warna | arupa pandhita sêpuh | Pandhita Kêling namanya ||

19. anyingkruk wus kaki-kaki | asuci liyêp ulatnya | mêlês kalimis gundhule | ana kucire ing wuntat | untune rêsik pêthak | kundhala akalung waluh | gerongingisenan toya ||

20. irung samya dèn cublêsi | ingganitri kalih pisan | daluwang kawak kêthune | kadya lami kakukusan | abang kêna ing sawang | rêkasa napas lumaku | kadi satuhune tuwa ||

21. marpêki Rêtna Mantili | wus ilang rêkasanira | kadi kêsasar solahe | kaprêgok api têtanya | putri Mantilidirja | kagyat andulu mring wiku | lir wiku-wiku [wi...]

--- 85 ---

[...ku-wiku] kasasar ||

22. kang malih warna lingnya ris | sang rêtna dêngkung têmbungnya | nyana wiku sayêktine | pangucape lêmpah-lêmpah | sira babo wong apa | têka nèng alas sirèku | iya dene tanpa rowang ||

23. apa silih widadari | dene ta kaliwat-liwat | sampurna têmên endahe | apararas saking swarga | garwa Bathara Brama | apa Ratih kang tumurun | garwane Sang Komajaya ||

24. ingsun anjajah praja di | ngubêngi sakèhing wana | durung amanggih èmpêre | wong rêspati kaya sira | tumpêk ing pramudita | mung sira ratuning ayu | ratu-ratuning musthika ||

25. nanging ta panduga mami | yèn mungguhakêmbang-kêmbang | sun watara sira anggèr | wus sinêsêp ing bramara | sarira rurus samya | nanging wimbuh tranging sêmu | marmane têka nèng wana ||

26. wong apa mêngku sirèki | lalu datan wruh ing awak | apan ta dudu pantêse | amung sinebèng

--- 86 ---

kadhatyan | iya apantês sira | têgêse wong tanpa kusur | tan bobot amêngku sira ||

27. tanpa ngrasa tanpa galih | èstu kramèng siya-siya | angajapala lawase | putri Mantilidirêja | miyarsa linambana | rumaras ing wulu puhun | sumêngkrang mariring ing tas ||

28. andhêku dènnya nauri | narka pandhita utama | alon wau ing wuwuse | hèh sang wiku wruhanira | ingkang gadhuhing rewang | narendra putra dibya nung | bisikan Ramawijaya ||

29. wara Ngayudya prajèki | widigdaya tur wêweka | kêtêrta ing mungsuh kabèh | sanjata ana sajuga | mrêtya pamadhaningrat | apa sira tan andulu | kèrine wukir Dhandhaka ||

30. pira-pira mungsuh mati | rêksasa datanpa sesa | sungsun matimbun wangkene | lawan ambêk santya budya | limpading kapandhitan | gêng bêkti sudarmanipun | mring wana tuduhing bapa ||

31. kinèn rumêksa ing rêsi |

--- 87 ---

kang pindha wiku lingira | wêruh ingsun lamun kuwe | anake Si Dasarata | tur iku kang atuwa | marmane iku tinundhung | dene ala tanpa guna ||

32. karilan kadange sami | Bratatruna kang utama | mulane kinarya katong | Si Rama iku kang tiwas | mulaneanèng alas | pagene ta sira ayun | salah kapti tanpa ngrasa ||

33. mêngko ta ingsun tuturi | prayoga gadhuha sira | kene ana ratu gêdhe | prakosa suwarèng jagad | kêtêr saisining rat | tanpa lawanan satuhu | purane sor suralaya ||

34. pantês amêngku sirèki | siniwèng ratu sajagad | Prabu Rawana arane | ing mêngko pan lagi prapta | nadyan Bathara Endra | taruna Wisrawa kawus | Sri Banaputra katawan ||

35. kadi kumêlêm ing tasik | saanane suralaya | sor dene prabawaningong | prayoga rewangên wirya | sawusnya warah-warah [warah-wa...]

--- 88 ---

[...rah] | marpêki lajêng sinambut | Sinta binêktèng ngawiyat ||

36. Sinta jrit anèng wiyati | gègèr manuking pratapan | kadya nangisana kabèh | myang kidang-kidang anggundam | kusut langêning wana | kadya coplok sotyanipun | kusut lir mati konduran ||

11. Durma

1. wus andêdêl Rawana gayuh gêgana | Sinta sru dèniranjrit | sambat-sambat priya- | nira Ramawijaya | lan ari Lêksmana aglis | rêbutên ingwang | cinidrèng ditya mami ||

2. kunêng tangisira Sang Mantilidirja | nênggih wau winarni | Janthayu kagendra | gêngnya sasat prabata | kagyat duk miyarsa tangis | asambat-sambat | putra Ngayudya kalih ||

3. kèh karungu sêsambate ing awiyat | dhuh Ramawijaya glis | paran solahira | pisah lan dasihira | dhuh gusti susulên mami | ari Lêksmana | cacad ingsun tan sipi ||

4. marang sira sun atag anguman-uman [anguman-u...]

--- 89 ---

[...man] | mêngko yayi pinanggih | ingsun nêmu papa | naraka dening sira | kagendra Janthayu nênggih | sampun têtela | wau dènnya miyarsi ||

5. lamun sambat putra Prabu Dasarata | pawong mitrane nguni | ngudikèng wardaya | iki Si Dasamuka | panggawene dhusthèng bumi | dyan krodha mangkrak | kirab lar angajrihi ||

6. sigra mêsat saengga prabata mangkat | gumrêng prahara angin | lar amadha bajra | kumlap kadya raditya | lungiding lar ngilat thathit | lir ombak bangkat | patuk sru malya mengis ||

7. kadya singa sardula karti sampeka | Janthayu mulat aglis | risang yaksa dipa | nguwuhakên mandhêga | kagyat yaksendra anolih | Janthayu mangsah | napyuk muka narpati ||

8. kroda ngunus căndrasa Rawana mangsah | galak mangkrak angêrik | căndrasa makilat | ingayatan umêsat | Janthayu mibêr ngungkuli | gumrêng awiyat | Dasamuka nututi [nu...]

--- 90 ---

[...tuti] ||

9. dêdêl sigra Janthayu niyup amapag | Rawana dèn ungkuli | sinambêr kinêpyak | pinatuk baunira | patuk kapêtêk trus maring | lambunge kêncah | muncar ludira mijil ||

10. kinokop ing Janthayu rahnya Rawana | kasor yudaniraglis | ngawebalanira | kang samya bêkta rata | kinèn anggawa sang putri | sukêr sang nata | dènnya rah adrês mijil ||

11. pan gumuruh jawata manadukara | myang jaya-jaya santi | umung ing awiyat | ewa Sri Dasamuka | sinurak ing dewa sami | baunira mar | sigra Janthayu mamrih ||

12. bala ditya kang samya ngampingi rata | sinambêr mawut ngisis | ratanya kinêpyak | sumyur tibèngbantala | mêrêm Sang Putri Mantili | sing witnèng maras | manawa tibèng siti ||

13. wus sinambêr putri Mantilidirêja | risang kaga narpati | Janthayu gya mêsat | dêdêl gayuh gêgana | ginendhong sang rajaputri | munggèng awiyat | Dasamuka [Dasamu...]

--- [0] ---

[Grafik]

Sang Janthayu gendhong Dèwi Sinta. Prabu Dasamuka.

--- 91 ---

[...ka] sira glis ||

14. wusnya tibèng bantala Prabu Rawana | păncasonane dadi | sirna tatunira | tungtum pulih sadaya | nêpak bau krodha angrik | dêdêl ngawiyat | ngusir narendra pêksi ||

15. katututan Janthayu lêmpêr ibêrnya | kèwêdan ing sang putri | tinut saparannya | mring Prabu Dasamuka | manglayang maniyup sami | saparanira | kagendra tinut wuri ||

16. dyan anarik căndrasa Prabu Rawana | pinrang Janthayu kêni | suwiwine sêmpal | tiba sang pêksi raja | Sinta manglayang sira glis | cinandhak kêna | mring sang rêksasa pati ||

17. ngawe bala mêthuk sarwi ratanira | rata kang wutuh maksih | winrat munggèng rata | putri Mantilidirja | binêkta Ngalêngka prapti | pinarnah taman | taman sajroning puri ||

18. lan sinungan pangrêksanira sang rêtna | rêksasa jalu èstri | lan pulunanira | atmajèng Wibisana | Trijatha minăngka putri | angkat sang uwa |

--- 92 ---

wil jalu kinèn sami ||

19. mituturi putri Mantilidirêja | yèn Ramabadra mangkin | myarsa jrih dosanya | dènira numpês ditya | ing balane sri bupati | mila tan nêdya | ngupaya garwanèki ||

20. pamrihira Prabu Rawana sang rêtna | glis lêjara sang putri | anuli kênaa | wor jiwa lan Rawana | ing antara tigang ari | wus pinaranan | nanging sang rajaputri ||

21. datan kêna pinaranan suduk jiwa | amung ciptaning galih | ubayanirèng rat | amung Ramawijaya | dadya lingsêm sri bupati | salaminira | dèrèng kapadhan kapti ||

22. palarasan undurira saking taman | kunêng wuwusên malih | Sang Ramawijaya | lawan ari Lêksmana | kidang mas kang sampun kêni | pêjah binêkta | marang gène kang rayi ||

23. tiningalan tan ana wau kang garwa | lawan ta ingkang rayi | Lêksmana punika | dèrèng panggih lan raka | wau duk panusulnèki | tibèng we wisa | pucak netya mapulih [ma...]

--- 93 ---

[...pulih] ||

24. kadya winuh sariranya dèning kang rah | wau ta sang apêkik | Rêgawa kumêsar | muriring tyas mangarang | marang ngêndi sira yayi | jurang ingungak | manawa tibèng trêbis ||

25. apa silih pinangan ing mong ta sira | nulya praptaning ari | Lêksmana widagda | pucat kêna ing wisa | martyas Sang Rama nulya ngling | ari Lêksmana | Mantili anèng ngêndi ||

26. matur nêmbah duk wau kawula têngga | sêdhêng kidang munya jrit | tinarka paduka | nimbali ingkawula | dadya kawula tinuding | nusul paduka | nanging kawula ajrih ||

27. inggih saking pitungkas paduka kakang | dadya ngujar-ujari | napatèng[1] kawula | mila kawula kesah | arinta maksih nèng ngriki | wingking wikana | kawula tan udani ||

28. sarêng myarsa wau Sang Ramawijaya | ing ature kang rayi | kumêpyur tyasira | tab-tab driya sungkawa | lir pêcat jiwanirèki | sumaput parah | parah ing tyas marujit ||

29. kadya sirna [sir...]

--- 94 ---

[...na] jagad wus ilang idhêpnya | bumi sunya tan kari | saking gêngning brăngta | luhnya drês marawayan | tan wruh pasambating tangis | mênthang langkapnya | ngiwung krodhaning bumi ||

30. saput rêbah cinandhak ing arinira | Lêksmana asru nangis | dhuh gusti emuta | yèn titahing jawata | wus pasthi kêna ing sakit | duhkitaning tyas | gandhèngên lawan pikir ||

12. Kinanthi

1. kunêng Ramawijayemut | mangun mangunêng ngênani | tyasnya sêmpal kaparapal | jinêmparing rontang-ranting | ring panah Bathara Kama | kêmayan gêng ingkang brangti ||

2. gandrung-gandrung amangungkung | konus rarasing wiyadi | keris rês-rêsing wardaya | yayah tan panon wiyati | sirêm soroting baskara | kadya tungkêbing pratiwi ||

3. mangu têbah jaja gandrung | dhuh yayi putri Mantili | tega timên jiwaningwang | tilar ing dasih kaswasih | pandaya pangruwat atma | paran waluyaning dasih ||

4. duhkitèng kataman gandrung | sasmitanên maskuari [mas...]

--- 95 ---

[...kuari] | hyang-hyanging Endrabawana | măngsantuka ngusadani | tumpêk ing rat jagad traya | kawuri ring maskuari ||

5. bisa mong asmara gandrung | paran pangupaya gusti | Ngendraloka Bramaloka | nadyan Dèwi Rarasati | pantês anyèthimring sira | mung sira hyang-hyanging bumi ||

6. bumi megung mawèh gandrung | rinèhkên buwana alit | rêsmining kang suralaya | tan dadya toh maskuari | sumyur lining ombak bangkat | kumalaning jalanidhi ||

7. dhuh yayi mring pundi masku | mila tan asung upaksi | paran duhkitaning driya | dêdukèng dasih ta ari | suka pun Ramawijaya | pandukên patrêm kang lungit ||

8. nadyan kokêlara masku | sirnèng astanta maskwari | kewala Ngendrabawana | pupulalan sira yayi | mangsah kuliliring wana | lan ari Sumitrasiwi ||

9. ngungak jurang-jurang gandrung | dhuh ari Rêtnèng Mantili | paran karyanta nèng jurang | mêntasa yayi ngong tarik | paran marmane

--- 96 ---

dukanta | dêdukèng dasih kaswasih ||

10. anon kêmbang-kêmbang gandrung | jiwaku ari Mantili | dingarèn angalap sêkar | dene nora dèn wadhahi | kocar-kacir anèng lêmah | ênya conthongana yayi ||

11. prakutut munya agandrung | ari kondura rumiyin | yèn rêmên ing pêksi munya | mêngko sun pikate yayi | ingunên anèng pratapan | ombènana sabên ari ||

12. dimèn agandrung mangungkung | pamanggunge sabên enjing | aywa ngombèni jang-enjang | manawa pilêrên yayi | mêngko têngange kewala | dhuh mirah ari Mantili ||

13. sapa ngusadani gandrung | payo marêk ing sang yogi | dhuh dewa wingi tutugna | duk sira ngadhêp lan mami | gunêm sastra hayuningrat | sira tan sare sawêngi ||

14. mundur esuk gandrung-gandrung | anyangking sêkar taluki | sarwi ngêmpit sastra cêtha | kang mêntas winursitani | wangun arjaning kanang rat | tuwin jaya wijayanti ||

15. kêlarung

--- 97 ---

ing lara gandrung | sasat jroning supêna ri | cumanthèl tungtunging netra | tumancêbing tyaskuari | paran kalisaning jagad | mangusadèng tyas wiyadi ||

16. ana riris-riris gandrung | kondura yayi dèn aglis | pijêr mulat ing manyura | ririse saya gung prapti | manyura ngigêl kirab lar | mêngko sun cêkêle yayi ||

17. ingunên panti wèh gandrung | sajodho pisan ta yayi | lan ana kêlangênira | manyuranira kêkalih | yèn dalu rada kiwakna | unine ngagèt-agèti ||

18. mawèh kung jroning manêkung | mawèh kêsar ing sêmadi | unine manyuranira | yèn ari bae ja têbih | cangcangên ing rami sutra | manawa kaliru yayi ||

19. lan manyura gung agandrung | bok ringas cumbuneyayi | baya Mantilidirêja | manyurane padha kêsit | mèt bibit wana Dhandhaka | ginawa marang Mantili ||

20. tumon lung gadhung agandrung | dhuh nimas ari Mantili | aywa gupuh daut sêkar | gadhung manawa kênèng [kê...]

--- 98 ---

[...nèng] ri | anggèr tuduhna kewala | mêngko sun pêthike yayi ||

21. anggitên kalawan mênur | sujinên angsana gambir | winoring pare karantan | ingukêlira maskwari | sawanging kuning manyura | wilise remanta yayi ||

22. dhuh mirah-mirah ta ingsun | apa tan asih ing dasih | paran ta dosa dasih ta | sira aninggal mring kali | sabên ingsun nut ing sira | karongron-rongron mring warih ||

23. giri-giri gahan gunung | paran ta sira wêlingi | dene dukanta kalintang | mênêng tan ngandika yayi | kadi pêsat jiwa kendhang | saking angganirèng dasih ||

24. tumonên panangis ingsun | mêtwèng rah netra ngong kalih | sirat tanggung mabangkang rah | sapa kang uningèng dasih | mangiwung warastraningwang | tan pandon kayakuari ||

25. arinta Lêksmanasadu | pagene sira dukani | tan wruh rèhirèng dukanta | sêdyane arinta gusti | têmahanduka maringwang | dasih tanpa dosèng gusti ||

26. myat ing

--- 99 ---

sètu-sètu gandrung | lah payo ari Mantili | kêlangên marang têlaga | ngalap sêkar nuksmèng warih | aywa gupuh mêthik sêkar | kang ana têpining warih ||

27. yèn kèrêming tlaga gandrung | dasih datan bisa kari | mêngko sun tumamèng toya | taratene kang sun ambil | aywa ambondhèt maringwang | manawa tan antuk sari ||

28. sarinya mawur agandrung | kapirane sira gusti | pijêr rumêksa ing sira | rumaras ingsun maskwari | manawi pinèting mana | minane mamăngsa janmi ||

29. ngadhuh têbah jaja gandrung | hèh ari Sumitrasiwi | paran doning usadanta | mangkenea awak mami | wurung maharjèng kanang rat | paran wèt rumêksèng bumi ||

30. pijêr kataman ing gandrung | kuwur kaprawiran mami | lah yayi kaya payèngrat | paran prayogyane yayi | kakanta waluyakêna | siramangasihèng bumi ||

31. bumi gonjing gandrung-gandrung | kumilat kilating langit | kadya kincanging [ki...]

--- 100 ---

[...ncanging] kakanta | turute katut manipis | angkên pupuring wadana | lintang sumusup ing tasik ||

32. tumonton sira sung gandrung | lir angsana munggèng wèni | ari Lêksmana widagda | dulunên rêsmining warih | kadya ta mangayam-ayam | cirining tyas agung mijil ||

13. Mijil

1. kunêng tangise Rama tan sipi | murca tyasnya kepon | kadya tinunu bahni sokane | maruta mirir mêmawa tistis | riris mangunêngning | mangu gandrung-gandrung ||

2. julalatan anganan angering | gayuh roning andong | asta kanan mulêt ing uwite | asta kèri mêthik ron kêkalih | winawas liniling | mênggah gandrung-gandrung ||

3. kalulute putri ing Mantili | nguni roning andong | sabên mimba tansah nèng astane | măngka pra kancananing lumaris | mangkya tar kentaring | lumawading gandrung ||

4. yeka malih kang dèn karêmêni | pradapaning gêmpol | pan dhinahar nalika [na...]

--- 101 ---

[...lika] têngane | tinon anjrah saksana pinêthik | linêmpit tiniling | kinuswa agandrung ||

5. yayi Sumitratmaja pan iki | pamèngêting lamong | kakanta sang ngantên karêmêne | ingkang rayi anglès anglewani | mênggah sang magênggring | ngadhuh gandrung-gandrung ||

6. ari matur pan dede ing ngriki | gèning pradapandong | loring wana Dhandhaka prênahe | kang sinabèng mring putri Mantili | paran kang binudi | pijêr among gandrung ||

7. bara tan bara ingkang kinapti | angayah wirangrong | kadya dede satriya pambêge | datan amrih têmahing lumaris | angayam-ayam ring | kadurus agandrung ||

8. tangèh ngadonana jayèng jurit | mrawasèng palugon | ing satriya têmah punagine | mawantah rok băndawala pati | munah satru sêkti | pamêkasing gandrung ||

9. kang raka ngling tuhu tanasisip | ing rèh kang mangkono | nanging aywa ginege mangsane | wêtune [wêtu...]

--- 102 ---

[...ne] prawira guna sêkti | samudanèng kingkin | sajroning mangun kung ||

10. tan parêk ing dunyèng kramaniti | puputing kawuron | mangusapi drawaya waspane | dyan lumampah sirama ring bèji | bèjining wanadri | mangsah gandrung-gandrung ||

11. mêntas ing warih tansah sêmadi | puja tan tumon wong | prakêtining sêtya sung sêtyane | wusnya muja mangraub lêbwamit | mring Widi sêdya mrih | pangupayèng gandrung ||

12. kawêlantah dènira lumaris | kinêkês wirangrong | asasmita wratmakapanjrahe | kuwur tyase katongton sang kadi | hyang-hyang ingkang sari | sangsaya wèh gandrung ||

13. kagyat wong agung anon pratiwi | labêting palugon | sumarambah ing rèh sêmburate | pratandhaning palagan matandhing | rêksasa narpati | lawan Sri Janthayu ||

14. goraning rèh ing ron anggubrasi | akèh wulu bodhol | miwah ring kang sêmpal suwiwine | lawan rêmuking [rêmu...]

--- 103 ---

[...king] rata nèng siti | aglar dhacah kadi | tan suwe prangipun ||

15. Ramawijaya lingira aris | dulunên riningong | iki ana mêntas aprang rame | rêrêmukaning rata kaèksi | lawan ana iki | suwiwining manuk ||

16. kaya raksasa lawan ing jurit | upayanên kono | pêksi apa kang dèn rêbut kiye | dene kapati tan ngeman urip | manuk apa iki | gung suwiwinipun ||

17. iki baya yayi ingkang ngambil | ing panduganingong | nora liyan yayi nyata kiye | kang anyidra ing ari Mantili | wusnya dènira ngling | muntap krodhanipun ||

18. kadya kumukus netrane kalih | mêrbabang sumorot | brakuirèng mêtu kadirane | rênggang kadi tan anapak bumi | angganya mawêrdi | sirat latu-latu ||

19. sariranya kasamuan kadi | waja duk ingobong | anglir singa krura srudarpane | tan pae lan bathara ditya mrih | umangan-mangan ring | jagad sring

--- 104 ---

ginêmpur ||

20. kadya burbuwah suh ingkang bumi | bumi rug agarok | manantang hèhêndi ta rupane | kang andhustha putri ing Mantili | panggah anêdya ring | rumabasèng satru ||

21. imbuh pupul tiwikrama wêrdi | wudhar widigda mot | satruning rat sanggala marangke | asaptaa kasapta kang bumi | bahni baskara tis | soring prabawaku ||

22. pira parbata sêkti kang tasik | de prabawaningong | saanane nir jawata kabèh | curnèng asta boga nagagini | dhik Hyang Kala ngalih | gêmpang kalamêrtyu ||

23. ah samoa dig ditya rasêksi | brasthèng suh wilmawor | buwana suh nahên tyas anane | gêgana trang rasatala basmi | Ramawijayèki | raning rat dibya nung ||

24. wusnya singa nabda gya manarik | gandhewa gumêrot | ewa krodhanirèng jagad kabèh | ah kosunya tanpa siyang ratri | waluywa kadya ring | duk ing awang-uwung ||

25. Dyan Sumitratênaya

--- 105 ---

manangis | nêmbah mêngkul gupoh | hèh emuta driyanta salahe | krodhèng jagad tanpa daya yêkti | apa ta tan asih | curna ing jagad suh ||

26. apan paduka yogyamangêmit | aywa tyas mangkono | apa silih tanpadon lêkase | kadi mangeman mandhama bumi | êndi wong tan asih | ing jagad arja gung ||

27. kawulamerang miyat ing bumi | paduka salah ton | duka-duka tan wruh tanpa gawe | durakèng rat papa kang pinanggih | èngêtên tumuli | aywa ta kadurus ||

28. paran ta krodha matèn-matèni | tanpa dosaning wong | sinêbut ing cupêt ngên-angêne | liwat saking agung nêpsu wêrdi | pan jinising cacing | tan arsa pitutur ||

29. lan iya ta jinising lêluwing | lintah rêsêrêspoh | lah ing pundi patutên tulade | kang lara kung mung paduka ugi | myang kang karya sakit | pan botên wong sèwu ||

30. arsa ngawut barang kang kaèksi | pan asoring [a...]

--- 106 ---

[...soring] asor | nadyan dede satriya pamane | măngsa wontêna lampah kadyèki | manawi ta cacing | tan darbe rêmpêlu ||

31. kagyat Ramawijaya myarsa ngling | tyasira sumêdhot | kaluhuran sabdane arine | minta aksama mring bathara di | têrang tyasirèki | kang rayi rinangkul ||

32. ari Lêksmana taruna yêkti | wuwus kang mangkono | dadi bonggan atilar prajane | yèn muranga ing kramaniti |[2] aksamanira di | gêng sinoming ngayun ||

14. Sinom

1. langkung trusthanirèng driya | Ramawijaya lumaris | lan ari Sumitraputra | nyangking gandhewa pribadi | tan pêgat asêmadi | samarga agandrung-gandrung | asih ing puja măntra | wus lêpas lampahnya kalih | nulya mulat pêksi gung kadya prabata ||

2. ngukruk ngandhuruk katingal | suwiwi ilang sasisih | wong agung alon ngandika | yayi iki ana pêksi | lah payo dèn parani |

--- 107 ---

mangsah sarwi gandrung-gandrung | ngêmbat gandhewa dibya | calêk arsa jinêmparing | duk tumiyang Janthayu alon lingira ||

3. hèh Ramawijaya sira | aywa sangsaya ing mami | ingsun iki kaga raja | rungunên pitutur mami | yèngsun narendra pêksi | kang pêparab Sri Janthayu | ingsun mêntas ayuda | lan Dasamuka Narpati | purwaning prang putri Mantilidirêja ||

4. cinidra lan Dasamuka | tangise anèng wiyati | sêsambat Rama Lêksmana | susulên rêbutên mami | anggung nangis jrit-anjrit | dadya ngrês ingsun angrungu | karana Dasarata | mêmitra kalawan mami | ana tangis sambat Dasarataputra ||

5. kagyat sumusul ing tawang | Rawana ingsun tututi | kacandhak anèng gêgana | ingsun mangsah ing ajurit | rame prang ing wiyati | silih rok rumêkêt dangu | sun patuk Si Rawana | bau trus lambunge kêni | lambung bêncah rahnya drês tibèng bantala ||

6. Dèwi Sinta nèng gendhongan |

--- 108 ---

ingêlih mring rata aglis | Dasamuka kaprajaya | sukêrambêkta sang dèwi | anulya ngong tandangi | ratane sun dhupak rêmuk | kabèh tibèng bantala | turăngga yêksa kèh mati | Dèwi Sinta sampun kacandhak deningwang ||

7. sun gendhong ngayuh gêgana | dadya lêmpêr ibêr mami | kèwêdan gawa sang rêtna | Si Rawana ingkang kanin | păncasonane dadi | daging otot balung putung | winatêk păncasona | kang pêgat atungtum malih | nulya mêsat anututi marang ingwang ||

8. nulya kacandhak malih prang | angrêbut putri Mantili | apan suda ibêr ingwang | katututan ing wiyati | pinrang căndrasa mami | sêmpal siji bauningsun | cape panggendhong ingwang | Dèwi Sinta kêna malih | apan uwis binêkta marang Ngalêngka ||

9. ingsun tiba ring bantala | dene sangête kang kanin | Janthayu wau sawusnya | pitutur nulya ngêmasi | Ramawijaya nênggih | lan ari [a...]

--- 109 ---

[...ri] Lêksmana ngungun | mulat ing sang kagendra | dene tegane ing pati | dyan rinangkul mring Rama asru karuna ||

10. sêsambat Ramawijaya | dhuh Janthayu kaga pati | asih têmên amêmitra | mantêp anglabuhi pati | kalulute rama ji | nêdya tumêrah maringsun | iya dewa bathara | walêsên ing swarga luwih | ing patine kagendra satya-susatya ||

11. satriya Ramawijaya | lan ari mangarcana glis | sung urmat ing pêjahira | Sang Janthayu kaga pati | kumutuk dupa agni | wangkeJanthayu tinunu | pinintakakên swarga | musna wau tawinarni | lampahira satriya Ramawijaya ||

12. nusup aris lampahira | lêstari wong agung kalih | satriya Rama Lêksmana | awirandhungan samargi | tansah mandhêg anolih | gandrung-gandrung amangungkung | tumon pêksi manyura | julalatan amrêpêki | pêksi mêsat wong agung kari anggana ||

13. anon kang

--- 110 ---

pêksi dewata | kumalebat nèng wiyati | kadandapan angandika | hèh yayi Sumitrasiwi | iku dutaning putri | ngusadani lara gandrung | dangu datan katingal | sumaput panonira ris | arsa dhepok nèng ngandhaping kayu teja ||

14. astanira ingkang kanan | ngoyog-oyog ngandika ris | hèh kayu teja ta sira | apa nora dèn wêlingi | maring putri Mantili | asung usadaning gandrung | èngêt nulya lumampah | ana sikatan kaèksi | pinaranan pamuwuse ngêla-êla ||

15. yayi Mantilidirêja | baya sira lagi prapti | paran ta duhkitaning tyas | sangêt anyêndhu ing dasih | sapungkurira gusti | ingsun tansah gandrung-gandrung | baya mring Endraloka | ngambil usada sajati | ngusadani ing dasih gandrung asmara ||

16. kumênyut èngêt saksana | lumampah wong agung kalih | kang rayi tansah nèng wuntat | amanggih ditya nèng margi | bau panjang tan [ta...]

--- 111 ---

[...n] sipi | anama pun Dirgabau | gung măngsa buron wana | wana kang ingambah gusis | sato mawut Dirgabau amêmăngsa ||

17. astanya angayuh marga | panjange anglêliwati | mulat Sang Ramawijaya | tangan ditya malang margi | ngunus katganira glis | pinêrang pun Dirgabau | pêdhot tumibèng lêmah | waluya cintrakanèki | Dirgabau punika apan jawata ||

18. lumrang katon tejanira | sariranira kaèksi | kadya sang hyang diwangkara | kagèt ta satriya kalih | jawata têtanya ris | ing ngêndi sira mas putu | wijil lan karyanira | pagene anèng wanadri | dyan sumaur Wong Agung Ramawijaya ||

19. tutur mula-mulanira | miwiti malah mêkasi | gantya Sang Ramawijaya | têtanya umatur aris | sintên tuwan puniki | dene cahyane kalangkung | lir basănta purnama | mingis sêdhênge dhadhari | sulap ingkang wadana andiwangkara ||

20. sumaur sang hyang jawata | ingsun [ing...]

--- 112 ---

[...sun] anak Bathara Sri | marmane kêna ing mala | duk Sang Hyang Guru cangkrami | pan ingsun anglangkahi | marang wêwayanganipun | dadya kênèng supata | rupa ditya ingsun nuli | dèn dhunakên saking ing Endrabawana ||

21. satriya Ramawijaya | mangrêpa umatur malih | kawula dipun rojonga | paran wêkasing gêng kingkin | punapa ta pinanggih | ingkang dadya gênging wuyung | myang sirnaning niaya | dhustha mamak cidrèng bumi | jawata ngling manthuk-manthuk awêwarta ||

22. mas putu nastapaningwang | pangèstuningsun sawitning | kabèh kasraha ing sira | iya pan besuk pinanggih | Rajaputri Mantili | nèng Ngalêngka ênggonipun | pinèt ing Dasamuka | marma prang gêdhe ing benjing | kapanggihe putri Mantilidirêja ||

23. mringa gunung Rêksamuka | pan besuk sira dèn ungsi | ana palwaga dirêja | sudira prawirèng jurit | balane tanpa wilis | punggawa wre anung-anung | kabèh maha saktiman | prabuning [prabu...]

--- 113 ---

[...ning] wre surasêkti | widigdaya sira Narpati Sugriwa ||

24. ing mangkya duk mangun brăngta | Sugriwa Sri Narapati | duka cipta kaya sira | garwane pinèt ing nguni | ana wanaraBali | pan iya kadange sêpuh | dhustha cidrèng buwana | sura sêkti wre Subali | apan iku besuk mati dening sira ||

25. Sri Mahaprabu Sugriwa | sor mungsuh lan wre Subali | nanging kang bala wanara | tan ana trêsna sawiji | maring wanaraBali | mung Sugriwa trêsnanipun | dènnyambêg sadu budya | anglabuhi lara pati | mring Sugriwa sagunge bala wanara ||

26. Sugriwa amardikèng rat | pinandhita wre sayêkti | Sugriwa pama andaka | lawung nanging agêng brangti | sira wèha wêwinih | ilangna prihatinipun | dadi mêtu anaknya | andaka sira duwèni | sakarsanta dadi têmpuhên nèng karya ||

27. iya besuk mitranira | Sugriwa ngêntasi kardi | mulane kalulutana | Sugriwa mitranên [mi...]

--- 114 ---

[...tranên] pasthi | nglabuhi larapati | Sugriwa sabalanipun | wre sadu ambêg santa | prakosa prawirèng jurit | sugih bala wre dibya Prabu Sugriwa ||

28. katêmu sakarsanira | iku wuwusku sayêkti | poma-poma ilangêna | prihatine Sugriwèki | besuk iku malêsi | barang ciptamu kêpangguh | sawusnya awêwarta | musna wau sang dewa sih | nulya mangkat manusup Rama Lêksmana ||

29. lampahe awirandhungan | ingkang cinipta ing galih | asrêping tyas sawatara | wêwêlinge sang dewa sih | kasusu gêngning wingit | mila têmah gandrung-gandrung | lampahe kasangsara | anasar-nasar ing margi | anut rèjèng datan kewran ing jêjurang ||

30. marga grêng ori sinêrang | nêmahi rampal arumpil | kombang ngarasing wulusan | sumêrang ngiringing wukir | èngêt kantêp tyas rujit | mangutebah jaja gandrung | lajêng ing lampahira | nulya manggih talaga di | samya kèndêl munggèng [mung...]

--- 115 ---

[...gèng] têpining talaga ||

31. toyanya wêning anawang | kathah wowohan sarywadi | anêdhêng panungsungira | kadya nambrama kang prapti | yayah angusadani | ingkang manggung lara gandrung | Radèn Sumitratmaja | amêthik kêkalih manggis | sinaoskên ing ngarsanira kang raka ||

32. nanging kang raka tan arsa | mung miyat wêninging warih | tan ana ingkang kacipta | tan lyan Sang Putri Mantili | lajêng satriya kalih | lampahira gandrung-gandrung | miyat ana pratapan | binusanan taruasri | palapelag sinalisir kêmbang-kêmbang ||

33. sinarojèng kayu teja | parijatha ngapit-apit | lêlima anjrah ing ngarsa | panggunge munggul ngungkuli | rêsêp duk aningali | mangsah sarwi gandrung-gandrung | anênggih kang martapa | punika Suwaribrangti | sakalangkung anglangkungi tapanira ||

34. wong agung kalih duk mulat | maring Sang Suwaribrangti | kêsêling sayah wus ilang | tumamèng satriya kalih | marang Suwaribrangti [Suwa...]

--- 116 ---

[...ribrangti] | hèh sang tapa sira iku | dene kaliwat-liwat | tapanira sira pêksi | sapa ingkang pitutur marang ing sira ||

35. lawan pêksi apa sira | rupanira kaya mangsi | dènnyagung prabawanira | ingsun mulat ing sirèki | sayah ingsun pan mari | lan pangêlih ingsun mantun | tyas ingsun nora murka | malah sudira ring tapi | kudu-kudu kêpengin kang kaya sira ||

36. dene wingit solahira | nêtêpi puja sêmadi | ingsun kèlingan sakala | iya maring guru mami | Bagawan Tiksna Yogi | apadene liyanipun | kèh puruhitaningwang | sira iki sapa mangsit | gawe tapa luwih saking guladrawa ||

15. Dhandhanggula

1. pan manungsa arang kang kadyèki | Suwaribrangti nauri sabda | iya nora sira bae | bali-bali pan ingsun | ingkang prapta ing ngarsa mami | padha olih sabarang | ing sakayunipun | kêna barang kang sinêdya | ingsun tutur

--- 117 ---

marmane iya martapi | ana ngajak maringwang ||

2. garwanipun Hyang Wisnu kariyin | duk dinukan saking suralaya | mring Sang Hyang Guru mulane | palenggotbawa iku | nalika Hyang Guru cangkrami | marang nginggiling swarga | sadaya pan tumut | sagung kang para jawata | jodhon-jodhon garwane Hyang Wisnu sisip | ana ing pasamuan ||

3. kênèng bêndu tinurunkên aglis | marang madyapada kênèng mala | rupa waraha dadine | kèndêl ngungsi ring gunung | iku ingkang ngajak ing mami | angingu marang ing pang | ana surat ingsun | pan têtinggal kuna-kuna | gung winaca ing siyang kalawan ratri | nulya Hyang Wisnu mêdal ||

4. saking pacangkraman duk ing nguni | umiring Guru ing pacangkraman | nêdya mulat ing garwane | kinèn ta garwanipun | atênggaa dhasaring bumi | sêdhênge lagi têlas | maca suratipun | gustiku nuli palastra | nuli nitis lajêng mring dhasaring bumi | dadi Pratiwi nama ||

5. jisime [ji...]

--- 118 ---

[...sime] wadhag wara akari | gêtihing jisim pan ingsun pangan | daging sarta lan kulite | marmane kêna ingsun | ing prihatin rupa lir mangsi | wau sêsêgahira | duk prapta wong agung | kalih sagunging wowohan | lawan dupa kumutug Suwaribrangti | asru pamuwusira ||

6. hèh ta Rama asiha ring mami | lah usapên ya wadananingwang | mulyaa kadi ngunine | sigra Rama tumanduk | wusingusap Suwaribrangti | mulya mêmalanira | Suwari gya muwus | he Ramawijaya sira | dene bisa nyirnakkên rêrêgêd mami | nyata Wisnu Bathara ||

7. sasat katon Hyang Wisnu manjanmi | ingsun tutur wong agung mring sira | kapanggih iya ing têmbe | putri Mantili iku | sadohane masthi kapanggih | dadi sakarsanira | prang gêdhe ing besuk | lêbure nagri Ngalêngka | iya saking panggaweanira benjing | ana wanara raja ||

8. yèku kondhangira ing ajurit | wre sêkti Sang Narpati Sugriwa [Su...]

--- 119 ---

[...griwa] | tanpa wilangan balane | iku mitranên tuhu | ratu agung wanara pati | marangaRêksamuka | Sugriwa ing besuk | amondhongi marang sira | mêngko lagya jêngkar sawadyanirèki | saking Guwa Kiskêndha ||

9. wusnya pitutur Suwaribrangti | musna dadi sining suralaya | wau satriya kalihe | karia gandrung-gandrung | lampahira amurang margi | katampêk luluting tyas | gandrung amangun kung | kusumanjrah munggèng awan | pinarwasèng maruta mrêdunya mamrik | ngênani sang wiyoga ||

10. lir pinêthêk kang wardaya jurit | satmata sasmitanya kung rimang | mangu arawat waspane | tumindak gandrung-gandrung | kawilêt ing angkara kèksi | mênggahanayut driya | gandrung amangun kung | sirarya Sumitratmaja | wrinagita kang raka tanpa ningali | netra kabêndung waspa ||

11. dadya aris dènira ngriyini | yayah tumuntun lampahing raka | kang raka nut salampahe |

--- 120 ---

gandrung-gandrung mangun kung | tanpanon rat lulut nampêki | barang kang kawistara | amuwuhi gandrung | kasturi kawêntar milar | munya sêlèt wong agung kagyat miyarsi | rêbah ngisor kang sana ||

12. ngandika lon marang ingkang rayi | yayi Sudarsana ana swara | sumêlèt sarta gandane | baya kang karya gandrung | Rajaputri Mantili prapti | wêlas mring sang asmara | ngusadani gandrung | ari matur sampun salah | ing panarka ing wau buron kasturi | milar atilar gănda ||

13. sampun-sampun anangsayèng budi | lami datan praptèng Rêksamuka | pijêr sangsaya lampahe | kadurus gandrung-gandrung | benjing yèn wus prapta ing wukir | ing Rêksamuka gènnya | gandrung amangun kung | kawigaran anèng marga | pijêr sêndhu tan amrih aglise prapti | ing wukir Rêksamuka ||

14. Ramawijaya nauri aris | yayi Lêksmana ika talaga | tinon akèh busanane | unining bramara rum | lir tangise

--- 121 ---

yayi Mantili | kukilane sauran | amuwuhi gandrung | guyune nyatèng kakanta | sêkar anjrah ing siti gănda mrik wangi | nanduki grananingwang ||

15. kadya lukar ukêlirèng nguni | iya nimas Mantilidirêja | ngong kagyat ăngsa unine | asru nangsayèng gandrung | kabèh padha niyayèng kami | isining wana kêmbang | kêmbang kayu-kayu | kang katingalan sadaya | samya karya laraning tyas lir jêmparing | ngênani ing tyas ingwang ||

16. maruta lon saha riris titis | mawèh ngênês ngrêrujit tyas ingwang | adhuh-adhuh lae-lae | paran wasanèng gandrung | laraningsun têmbanging pati | pati-pati pantara | pantaraning tuwuh | tumuwuh tuman kataman | yèn tan ana sihing jawata kang asih | banjutên banjurêna ||

17. sapa tulung kalanglangan mami | ngilangêna walangatiningwang | lalunên lala lênglênge | dhuh gusti pêpujanku | antènana dasihirèki | kagyat Ramawijaya | aningali gunung | ing

--- 122 ---

Rêksamuka sukunya | langkung pringga tan kêna ingambah janmi | ewuh gawat kaliwat ||

18. inginggahan mring satriya kalih | pasthining dewa saèstu kêna | wus munggèngpucuk ênggène | gandrung-gandrung mangun kung | datan pêgat muja sêmadi | apasrah ing satitah- | ira Sang Hyang Guru | miwah mring Suksma Kawêkas | pan sumăngga ing rèh molahakên dhiri | lênyêping madyapada ||

19. ing nalika praptèng tigang ari | panêkungira satriya Rama | gênjoting prabata agrèng | bayubajra kumrusuk | prakampita agraning wukir | gêtêr-patêr liwêran | asêngara limut | dhèdhèt erawati ngakak | alimêngan ampak-ampak awor riris | samodra aru-ara ||

20. dhêdhêt sumarambah kilat thathit | asênggani kêtug pracalita | busêkan ing wana kabèh | ing tigang ari nutug | sirêp surya datan kaèksi | kumêlun dupanira | wau sang mangun kung | kumêjot [kumê...]

--- 123 ---

[...jot] trêping wardaya | rawat-rawat maruta ris riris aris | sunar baskara mimba ||

21. sang asmara mulat nganan ngèri | kawistara pringganing prabata | ngungun amangun onênge | asasmitèng mangun kung | wirotamèng sêdya sêmadi | kunêng gantya winarna | sang wanara prabu | Sugriwa kang duka cipta | kasor ing prang lan kadangira wre Bali | jêngkar saking Kiskêndha ||

22. saha bala wanara tan kari | saênggènnya angêbêki wana | Prabu Sugriwa balane | pan sèwu yuta alangkung |[3] lawan yuta kaping sakêthi | maksih kêna dèn wilang | luwih saking iku | mungpung gawane kewala | kang ingetung sagung wanara bupati | tanpae lan manungsa ||

23. solahira anglampahi kardi | anggêpira maring ratu miwah | maring punggawa sakèhe | apan sajuru-juru | wêwêngkone para dipati | mila kasoran ing prang | mungsuh kadang sêpuh | tan arsa angadu bala | mung prang tandhing tan nêdya cidra ing jurit | wre Narpati

--- 124 ---

Sugriwa ||

24. kamituwanya kang pra dipati | kapi Anila kapi Jêmbawan | bupatya bot sêsanggane | wontên pulunanipun | sutanira Dèwi Anjani | wre taruna digdaya | ing wêweka putus | limpat pasanging graita | apêparap Radèn Rama Dayapati | kapiKapila warna ||

25. nadyan taruna asring tinari | sira Rahadèn Bayutênaya | Radèn Anoman wastane | kathah jêjulukipun | Radèn Rama Andayapati | wontên malih punggawa | nama Endrajanu | Kêrdana Găndamadana | Satabali Wisangkatha lan Putaksi | Susena lan Winata ||

26. pun Anila punggawa undhagi | ngên-angêne sang kapi Anila | tawèng wisa sabalane | lan pun ari Mindèku | punGawaksa lan pun Sêmpati | Wrêksaba Dasaraba | pun Gawayadanur | Dara miwah Darimuka | Bimamuka Drumagawa lan Kesari | kabèh prawirèng yuda ||

27. samya gêng-agêng kagiri-giri | datan wangwang napak jumantara | punggawa [pung...]

--- 125 ---

[...gawa] wre sadayane | widigdaya nung-anung | lumrah bala anyatus kêthi | anaamatang yuta | pitung yutanipun | sabên punggawa satunggal | mila datan kêna yèn ingetung tulis | sagung wanara bala ||

28. Narapati Sugriwa winarni | saênggène tansah ulah puja | tan lali ing batharane | pan sangêt ambêg sadu | ing nalika Sri Narapati | Sugriwa antuk lamat | sajroning mangun kung | manêkung ujaring swara | hèh Sugriwa luwara kingkinirèki | ing kene angungsia ||

29. loring gunung Maliawan iki | ana satriya saking Ngayudya | Ramawijaya namane | kalawan kadangipun | nama Radèn Sumitrasiwi | yèku sarananira | tan lyan saking iku | munahkên duhkitanira | wus prayoga ing sakarsanira kêni | pantês èstunênpada ||

30. nadyan dêlahan iku pinanggih | satriya iku musthikaning rat | anggêpên jawata dene | mung iku

--- 126 ---

pasthinipun | kang matèni wanara Bali | Sugriwa sawusira | undhang balanipun | budhal marang Maliawan | saha bala kadya robing jalanidhi | giri rèh gara-gara ||

31. otêr ingkang pratiwi lir gonjing | saking gungirèng bala wanara | malêdug buron alase | kadya prabata kapuk | katarajang prahara angin | mawut saparan-paran | wre rêbut dêlanggung | gumuntur kang prakampita | prabata gung manggut-manggut gronging bumi | mandhêlong kombak-kambak ||

32. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta gunung Maliawan | kèbêkan wanara gêbèl | samya saosanipun | wanara kang para dipati | ênggène ratunira | pasanggrahan agung | tata trêb bala wanara | sigra wau Radèn RamaDayapati | ingutus mring kang paman ||

33. mondhongana satriya kêkalih | ingkang anèng gunung Rêksamuka | Anoman tur sêmbah lèngsèr | tanpa wadya wus mabur | lampahira

--- 127 ---

mêdal wiyati | umyus kang bayu bajra | sêmpal kang pokah puh | kapupuh kèh kaparapal | kayu-kayu pug rêbah rampal kang rumpil | grêng ori-ori rampal ||

34. de prabawèng Rama Dayapati | pantês prayoga lamun dinuta | tanpa wadya bayu bae | anut saparanipun | prapta Rêksamuka tumuli | tumiyup maring ngandhap | Anoman angungun | andulu ewuhing marga | êndi ana manungsa ngambah ing ngriki | akèh gunung jinajah ||

35. nulya panggih satriya kêkalih | Radèn Rama Dayapati mangsah | tumamèng marang ênggène | Sang Ramawijayèku | wus atata sami alinggih | Anoman atêtanya | hèh sang ambêg sadu | ing pundi marga paduka | kongsi sagêd minggah ing wukir puniki | gawat kaliwat-liwat ||

36. nadyan Si Bathara Surapati | măngsa puruna mring Rêksamuka | paran ta pangupayane | liring pakèwêdipun | Rêksamuka anglêlangkungi | jro jurang-jurang [ju...]

--- 128 ---

[...rang-jurang] guwa | kèh rêksasanipun | ula gêng banaspatinya | kayu-kayu arungkud kèh ori rumpil | singa warak andaka ||

37. ingkang sami angadhang ing margi | mongira krura samya mêmăngsa | sêsêngkan jurang pèrènge | watu-watune lunyu | tur tumawing miring anggawing | tan kêna ingancikan | watune gumlundhung | têla-têla isi ula | idêgana pinggire anyêmbur sami | ulanya galak-galak ||

38. saking ngêndi gonira ngunggahi | ana kêdhik iku ingkang rata | tan kobêr dening gajahe | marang talaga adus | pan atusan awira-wiri | pêluk-pêluk pinggirnya | jurang lunyu-lunyu | yèn gocekana wit-witan | wit-witane anggawing tur mawa êri | êrine mawa upas ||

39. witing kayu pinggir parang curi | yèn nyandhaka wite sol kewala | padhas landhêp ngatut bae | tumibèng jurang iku | rasêksine banjur nampani | liyan saking paduka | măngsa praptèng

--- 129 ---

suku | tangèh gununge praptaa | ingsun iki aywa mêtuwèng wiyati | nora pisan kaduga ||

40. kunêng lingnya Rama Dayapati | angandika Sang Ramawijaya | hèh bêbakal sira kiye | gampang kalawan ewuh | apan ana ingkang akardi | yèn wania ing gampang | wêdia ing ewuh | sabarang nora tumêka | yèn antêpên gampang ewuh dadi siji | ing purwa nora ana ||

41. wruhanira hèh sadusuniki | piyarsakna iya wuwus ingwang | marmane prapta ing kene | ana ratu pinunjul | sumbagèng rat pinandhitadi | mahambêg santa budya | paramartèng wadu | ing Ngayudya Dasarata | saliring kang wasesa sura kamuktin | barang kamulyan ana ||

42. sugih putra samya surasêkti | măndraguna ari ngong sadaya | iya amung ingsun dhewe | tan sayogya tur punggung | tinuduhing rama sang aji | mentaramaring wana | rumêksa ing wiku | Bagawan Yogi Sutiksna | pan rumêksa [ru...]

--- 130 ---

[...mêksa] pratapan lan ari mami | katiga garwaningwang ||

43. Dèwi Sinta putri ing Mantili | dhinustha marang Rajèng Ngalêngka | mulane ngong praptèng kene | Radèn Anoman muwus | hèh satriya karya ngong iki | ana wanara raja | Bali prawira nung | tanpa sasamèng ayuda | pan angrêbat ing garwane ratu mami | Sri Narendra Sugriwa ||

44. saking jrihe mungsuh Bali sêkti | pan kapindhone kadange tuwa | mila jêngkar sawadyane | punika kang angutus | amondhongi paduka mangkin | inggih adrêng sumêmbah | ing suku manêkung | parêng lêbure padanta | tur kawula yogya mitranên sayêkti | paduka nugrahana ||

45. maha pinardika sadu budi | arjèng kang driya Prabu Sugriwa | lumampah ing sapakone | saking gênge tyas tuhu | yèn manggiha pitutur niki | mitraa anganggêpa | ing gusti kadyèku | lêbur ngayahan paduka | tan kumêdhèp angsahna mungsuh ditya ji | anut [anu...]

--- 131 ---

[...t] sabaya pêjah ||

46. riwusira Anoman dènnyangling | lêga tyasira Ramawijaya | sarêng ta wau angkate | Rêksamuka kapungkur | samya dharat wong agung katri | bayu bajra ru-ara | mêsês lesus-lesus | wrêksa papat kaparapal | suka miyat Ramawijaya lan ari | Risang Sumitratmaja ||

47. praptèng Maliawan lampahnèki | orêg sagunging bala wanara | mulat Anoman praptane | lan ambêkta wong agung | ngumpul marêk kang pra dipati | Sugriwa gurawalan | amêthuk tumundhuk | binêkta mring pasanggrahan | wus satata lênggah Sugriwa Narpati | lawan Rama Lêksmana ||

48. pra dipati wre apan ing ngarsi | dene sagung wanara sadaya | liya saking punggawane | sasuka-sukanipun | cingak wau wong agung kalih | mulat bala wanara | gêbèl ing wana gung | kaèbêkan Maliawan | mulat suka palwaga kang alit-alit | kukur-kukur anèng pang ||

--- 132 ---

16. Pangkur

1. rêngrêng gunung Maliawan | sapraptane wau wong agung kalih | Sugriwa upamanipun | kapanasên laminya | wre Subali pama diwangkaranipun | praptane Ramawijaya | sarta sanjatanirèki ||

2. Sugriwa mari panasnya | jêmparinge Rama ingkang ngaubi | yèku pama mega mêndhung | ingkang anyirêp panas | sira Ramawijaya suka andulu | pra dipati wre sadaya | warnane anggêgilani ||

3. dene wre alit sadaya | tuhu mosil pating palangkruk sami | ngalungakên kacangipun | cêngkir têbu pinundhat | kèh solahe mangkana wau Sang Prabu | Sugriwa among kutugnya | dupa pala wangi-wangi ||

4. tutug saubayanira | amor tuhu miwah sapati urip | lair batin sarêng gêmpur | wus têguh kalihira | sira Prabu Sugriwa kudu nomipun | Ramawijaya kang tuwa | Sugriwa umatur aris ||

5. hèh pukulun uningaa | kasêktène [kasêktè...]

--- 133 ---

[...ne] inggih wanara Bali | tan ana pêpadhanipun | nênggih rikèng triloka | botên saking mêmêdosi gunggung mungsuh | saking sayêktining guna | saking gêng marmaning dasih ||

6. trêsnèng kawula mêmitra | kawruhana sêktining mungsuh nênggih | nguni banting gajahipun | inggih Bathara Endra | kadi nyênggut garinting upaminipun | tur nalikane sringtapa | sarirane kuru aking ||

7. nêpak gunung sèwu sirna | wontên satrunira Hyang Endra nguni | Yaksendra Mesasura wus | sirna lan Jathasura | miladatan kangên-angên pêjahipun | sintên ta kang ngasorêna | yudane wanara Bali ||

8. ing mangkya praptapaduka | kadi-kadi cipta kawula yêkti | pun wre Bali pêjahipun | saking panah paduka | inggih panah ingkang saking maha wiku | kawula nyuwun pratăndha | panahên êtal puniki ||

9. Dyan Rama ngêmbat gandhewa | tiniyangkên tal pitu jinêmparing | tatas kabèh tal pêpitu | liwat naratas [na...]

--- 134 ---

[...ratas] tatas | langkung suka Prabu Sugriwa andulu | sigra angundhangi bala | kumrap sagung wre bupati ||

10. angundhangi sowang-sowang | ing balane kumrutug ing wanadri | gora wrêksa kayu-kayu | otêr ron maputêran | prabawane wadya wre kang samya ngumpul | lir jawah swara solahnya | gumrêgut anggêgirisi ||

11. budhal panganjuring aprang | pun Winata kalawan Satabali | pitung yuta balanipun | ing wuri tan petungan | pêtêng dhêdhêt aru-ara ing wana gung | nêdya mring Guwa Kiskêndha | ngrabasèng wanara Bali ||

12. Bali kêtoya wunuhan | ngrêregoni maring puja sêmadi | Ramawijaya puniku | pama kinèn rumêksa | mrih sidane kang pinrih jro pujanipun | Dèwi Tara kang upama | pinrih sajroning sêmadi ||

13. wong agung kalih tan têbah | lampahira lan Sugriwa Narpati | ginarêbêg punggawa gung | ing kanan kering atap | lampahira gandrung-gandrung [gandrung-...]

--- 135 ---

[...gandrung] kapirangu | amalih ciptaning driya | onênge garwa lan jurit ||

14. dadya rêmbên lampahira | pan ingayap dening wre pra dipati | gandrung-gandrung kapirangu | mulat Prabu Sugriwa | mèsêming tyas wruh sêmunira wong agung | gandrunge onêng mring garwa | kapirangu dènnya jurit ||

15. ngêjèpi Prabu Sugriwa | pra dipati sadaya kinèn ririh | ing lampah aja kasusu | asasmitèng rumêksa | solah ingkang gandrung-gandrung kapirangu | prapta ing Guwa Kiskêndha | bala wre kang munggèng ngarsi ||

16. munggul katon gapuranya | samya piyak wanara tata baris | sumyar makasut matimbun | aglar ngêbêki papan | ingundhangan nganan ngering kapang têpung | Sugriwa pamit magut prang | nêmbah ngusapi padèki ||

17. ngandika Ramawijaya | iya yayi mêtua ing ajurit | Subali dimène mêtu | mêngko ingsun umangsah | yèn wus katon sun tibanane mungsuhmu | Sugriwa sigra umangsah | mrêpêki gapuranèki [ga...]

--- 136 ---

[...puranèki] ||

18. munggul pêtêng korinira | palomponge tinon ngebat-ebati | Sugriwa mangkrak anguwuh | mêre masinga nabda | wre punggawa sami mêre sru gumuruh | ibêkan punang gêgana | wre Bali kagyat miyarsi ||

19. gadgada mêre ibêkan | sigra mijil sira wanara Bali | orêg sagung wre andulu | wêdale Bali Raja | sigra parêng mangsah têmpuh rok parêng hrug | rukêt udrêg maputêran | saut-sinaut ngênani ||

20. manêpak parêng manampyal | kosik uwal rame sêbit-sinêbit | tarik-tinarik manimprut | okol makol manimprat | mingis mangas parêngnya manguwil irung | mangruwêk ing kuku mangkas | agonjit puntir-pinuntir ||

21. gut-gutên butêng kalihnya | krodha nêkêk sami asilih piling | garut-ginarut mangrênggut | kalih lir singa lodra | rahnya mrêbêl ing muka drawayèngbau | mring dhadha kadya kungkuma |

--- [0] ---

[Grafik]

Bagawan Subali kenging jêmparing. Sri Ramawijaya. R. Lêksmana. Prabu Sugriwa. Punggawa wanara.

--- 137 ---

tan ana kasoran kalih ||

22. satriya Ramawijaya | ewuh mulat prange Sugriwa Bali | mênthang langkapira mangu | ewuh ingkang tiniban | ing sanjata bok kaliru mitranipun | Sugriwa nora karuan | dene warnanira sami ||

23. Sugriwa sor titih ing prang | rambut ginarêmus duk pinalipis | mundur Sugriwa angukruk | rahnya myas palimarpyas | pinêrêping janggut pinarwasèng untu | sagung maharsi sadaya | kang munggwing têpining wukir ||

24. samya manonton mèt kêmbang | kang manguyu cantrik samya ngurmati | ngudanakên arum-arum | wau Prabu Sugriwa | prapta nêmbah ngarsaning Ramaumatur | hèh mila paduka cidra | mila botên anglêpasi ||

25. kawula sayah mèh pêjah | pijêr para tonton pan yuda mami | Ramawijaya amuwus | hèh yayi ingsun kewran | ngong tujua ing jêmparing bok kaliru | dene warnanira padha | kapiran pamanah mami ||

26. yèn mêngkono [mêng...]

--- 138 ---

[...kono] têngêrana | mèta rondhon sira goa sasapi | yèn uwis têtêngêr gupuh | payo nuli mangsaha | aywa walangati ing mêngko sun tuju | Narpati Sugriwa sigra | mangsah kotbuta mangêrik ||

27. tinadhahan parêng tandang | angrok rukêt siyut pipit-pinipit | angêpyak rênggut-rinênggut | kongkal kontal-kinontal | dyan satriya Ramawijaya anuju | ing Bali tanpa têngêran | ing rondhon wus jinêmparing ||

28. kêna jajanira tiba | sagung kang wre mulat wanara Bali | yèn tiba surak gumuruh | kadya manêngkêr wiyat | rok arga rèh jawata ngudankên mêrdu | manuhara kêmbang-kêmbang | anjaya-jaya masanti ||

29. Bali miyat glanalara | hèh Sugriwa sapa manah ing kami | Ramawijaya gya rawuh | lan ari Sang Sumitra- | tênaya lan wre punggawa ngayap pungkur | mrêpêki andulu samya | mring wanara Bali kanin ||

30. ngêsah molah gêlangsaran [gêlangsara...]

--- 139 ---

[...n] | sarwi mojar ragane baya iki | kang amanah marang ingsun | wre atut wurinira | sarayane Si Sugriwa nyata iku | hèh satriya ngêndi sira | warnamu anom rêspati ||

17. Sinom

1. sumaur Ramawijaya | satriya Ngayudya mami | ingsun Dasarataputra | sru angling wanara Bali | pan sarwi mêmpis-mêmpis | kanine ing jaja têrus | nging pangucape sora | hèh pagene ta sirèki | satriya digawe tindak liwat nistha ||

2. juti-juti sru druhaka | hèh pagene manah mami | apa dosèngsun ing sira | manah tanpa dosa yêkti | ingsun angrungu dhingin | yèn satriya sura sadu | yogya rêksakaningrat | mêngko sun wêruh pribadi | dadi salah pangucap bêcik ing sira ||

3. yèn sira guru pandhita | mêngkono tekatirèki | yèku pandhita kasungsang | sukêr pamulange sisip | pêdhês bae kang dadi | wuruke pandhita bingung | lah iya ngêndi ana | wèh lara [la...]

--- 140 ---

[...ra] tanpa dosèki | nora wirang dènira durakèng jagad ||

4. lirira ana ing wana | têgêse ala sayêkti | apan bapanira nata | pinandhita kramaniti | yèn bêcika sirèki | pasthi yèn ginawe ratu | sira anake tuwa | têka kang anom kinardi | Si Barata amasthi mahardikèngrat ||

5. ingsun aprang lanSugriwa | têka sira salah kardi | têtulung wre tan sêmbada | wre cidra dhustha ing bumi | mêksa dèn kaluluti | pratăndha budimu kathung | gêlah-gêlahing jagad | tan bodho bapakmu nguni | ora sisip sira dèn tundhung ing wana ||

6. yèn sira satriyotama | têka tan wirang ing bumi | lan soroting diwangkara | lan isin gêbyaring sasi | lan aku aprang iki | lan Sugriwa kaping sèwu | pan ora dadi apa | jêr aprang lan kulit daging | amung sira kang têtêp duskartaningrat ||

7. dene amusthikaningrat | yèn nyata-nyata sirèki |

--- 141 ---

rièng Dasarataputra | sayêkti kêmbanging bumi | lawan nêdya sirèki | kasidaning munah satru | Ngalêngka Dasamuka | têka pijêr salah kardi | amatèni palwagadatanpa dosa ||

8. yèn ingsun aprang tuhua | ngêtokkên kadibyan mami | akasa bumi kasapta | wukir miwah jalanidhi | yèn ingsun nêdya budi | kabèh iki dadi mêrtyu | sirna ing krodhaningwang | lahêndi bênêrirèki | pratandhamu pati opèn salah karya ||

9. tan nolih mrih kawêrdyèng rat | ilang bênêrmu pranatis | kasantaning sadu sirna | wanara Bali wusnya ngling | Ramawijaya aglis | marêpêki alon muwus | hèh pantês lamun sira | wre tan wêruh ala bêcik | ingsun manah ing sira tan nêmu papa ||

10. jati-jatining satriya | utama ing nguni-uni | kang sun nut sun têpa-têpa | nora dosa ngong matèni | marang ing sira iki | kabèh isining wana gung | ingkang alaku ala | kang anêdya malarati |

--- 142 ---

iya maring sasama-samèng tumitah ||

11. aja simaning yèn kênas | liyane ingsun patèni | kabèh pakewuhing alas | sun kalani sun susugi | sun buru sun pikati | mrih kênane sadayèku | sawadine kênaa | sêsukêr kang malarati | sarupane kang dursila satruning rat ||

12. lawan ingsun wus têtela | pangrunguning ngong sirèki | wre nistha tan parikrama | Sugriwa sira alani | sira pisahkên nguni | Sugriwa lan garwanipun | Dèwi Tara sira lap | têtêp sira tan nindaki | analutuh sirèku duskartaning rat ||

13. wau sapamiyarsanya | sira Sang Wanara Bali | pangandikanira Rama | uninganira sayêkti | mênêng ngungun tan sipi | nêmbah-nêmbah lumèh lampus | hèh Rama tuhu sira | kêmbanging bumi sayêkti | lah matia Subali gêlahing jagad ||

14. hèh Sugriwa sukur sira | kinalulut Dasarati | sasat bathara maharja | ingsun ingkang amiwiti | ya ingong

--- 143 ---

andhingini | ruwate wanaraningsun | ing besuk iya tunggal | gonira kalawan mami | yèn wus padha sinung ruwat ing jawata ||

15. ingsun kang kaliwat ala | wus pasthining jawata di | atukar lan saudara | sirantuk pahala yêkti | dene nora marêngi | ruwatira lawan ingsun | ingsun kang dhinginana | nampani sih jawata sih | sira yogya milya karyaning bathara ||

16. sawusira amitungkas | Subali ngêlungkên aglis | kêmbang mas maring Sugriwa | kang munggèng jangganirèki | Sugriwa anampani | kêmbang mas dinokok gulu | Bali anulya pêjah | cinatur antuk swarga di | ya ta wau kang kari bala wanara ||

17. santana wre samya nêmbah | mring Subali kang wus lalis | wangke tinunèng pancaka | mangkana Sri Narapati | Sugriwa wus sumilih | ing kadhatonira prabu | Kiskêndha kang ayasa | Prabu Mesasura nguni | langkung asri kadhaton kèh sarta boga ||

--- 144 ---

18. wong agung kalih ngaturan | mring pura kalangkung gêng sih | Sugriwa wuwuh bêktinya | kapati ring narpasiwi | ecanira wus panggih | lawan Dèwi Tara iku | nanging sampun ambabar | wawratanira wus lami | mêdal jalu anama Radèn Anggada ||

19. lêstari saputranira | Balitênaya ingambil | putra mring Ramawijaya | pinundhutakên bupati | wanara kang ngêmbani | Sugriwa nyaosi sampun | bupati wre Druwenda | anggadhuh Anggada nuli | ing karsane wong agung Ramawijaya ||

20. kapindho kaputranira | dhingin kang paman sang aji | iya Narpati Sugriwa | dene kakang kaping kalih | dènnya pinundhut maring | Ramawijaya satuhu | mangkana wus ubaya | Rama lan Sugriwa nênggih | panggitike marang nagari Ngalêngka ||

21. Sugriwa ubayanira | ring Ramawijaya benjing | sêdhêng kêdhike kang jawah | katanggêlan rêndhêng mangkin | Ramawijaya amit | angantosi maring gunung |

--- 145 ---

gunung ing Maliawan | sinaosan prênahnèki | lampahira anganthi kapat punggawa ||

18. Kinanthi

1. gandrung-gandrung kapirangu | lampahe wong agung kalih | Endrajanu lan Winata | Anila lan Satabali | lawan bala wre sayuta | kang badhe anambutkardi ||

2. karya padhepokanipun | lèr wetan sukuning wukir | sasêngkankaparèng ngambat | têngah-têngah awêradin | nênggihlimang atus cêngkal | toyanjog badhe kinardi ||

3. gandrung-gandrung kapirangu | lampahe samargi-margi | Endrajanu lan Winata | Anila lan Satabali | sangêt wêlasnya tumingal | ing gusti kabyatan wingit ||

4. gandrung-gandrung kapirangu | kagyating manyura muni | cêngongong sumêbut mêsat | kêdandapan duk ningali | katon risang mawèh rimang | Kusuma Putri Mantili ||

5. kunêng ingkang kapirangu | wau ta ingkang winarni | kapi bala akèh prapta |

--- 146 ---

kang wus samya ngariyini | sukuning wukir lèr wetan | lajêng sami nambutkardi ||

6. wau ta sang kapirangu | wong agung lampahe prapti | kèndêl munggèng pasanggrahan | Prabu Sugriwa ing nguni | ngantosikang nambutkarya | kapi Anila angrakit ||

7. nalikanira ing dalu | wong agung mangsah sêmadi | sirêp kang bala wanara | sadaya wus samya guling | nadyan Truna Sudarsana | wus dangu dènira guling ||

8. kukusing dupa kumêlun | ngêningkên tyas sang apêkik | kawêngku sagung jajahan | nanging sangêt angikibi | Sang Rêsi Kanekaputra | kang anjog saking wiyati ||

9. kagyat risang kapirangu | pinêngkul kinêmpit-kêmpit | dhuh sang rêtnaning bawana | ya kitukang walangati | ya kitukang ngênêsing tyas | ya kitukang kudu gêring ||

10. têka dadak milu-milu | kaya polahe wong cêplik | lali yèn kalêngkaning rat | ing bawana amurwani | musthikaning jagad traya | dhêmên lalèn [la...]

--- 147 ---

[...lèn] sănggarunggi ||

11. sun iki ngêmbani wuwus | dera Sang Hyang Otipati | Bathara Suksma Kawêkas | sira ingkang dèn paringi | nênggih maosadilata | panguripe wong sabumi ||

12. sira arsa aprang pupuh | lan ditya Ngalêngka Aji | panguripe kapi bala | roning lata maosadi | yèn ana matyèng palagan | ungkulana maosadi ||

13. waluya ing uripipun | kêna sira anu malih | tandurên ing dhepokira | sukuning Malyawan wukir | lah uwis sira kantuna | Narada mêsat wiyati ||

14. nugraha sang kapirangu | badhe tinanêm pribadi | nadyan ari Sudarsana | datan sinungan udani | wusaring sadaya mangsah | jênêngi kang nambutkardi ||

15. tan cinatur laminipun | wus paripurna rinakit | sagunge bala wanara | wus samya tinundhung mulih | marang ing Guwa Kiskêndha | tan kêna kari sawiji ||

16. amung sukane wong agung | manêkung badan [bada...]

--- 148 ---

[...n] pribadi | lan ari Sumitratmaja | tan kêna tinunggwèng dasih | wau rêngganing prawata | dhepoke wong agung kalih ||

17. asri busananing gunung | dhepoke satriya kalih | winarsada jêjidharan | paripurna pinarigi | angongkang talaga dibya | toyanya sumilak wêning ||

18. binotrawi angênguwung | akik winêngku cêndhani | wagêde kapi Anila | rêngganing lêlarèn alit | marik kayu apu pita | sapangandhap sapanginggil ||

19. mêngkap katrajang ing ranu | lingkap kakape kaèksi | akik wungu kang kinarya | sinunduk sinungan sêntil | ingukir lawan kênaka | Anila ingkang akardi ||

20. angubêngi toyanipun | ing dhepoke larèn alit | wutahe pan tinalangan | akik dadu kang kinardi | ngandhap sinungan gupala | pinindha wanara Bali ||

21. jajar kalih gupala gung | prasamya akik ingukir | siji pinindha yaksendra | ajêng-ajêngan [ajêng-a...]

--- 149 ---

[...jêngan] alinggih | duk winuruk păncasona | dening Sang Wanara Bali ||

22. toyanjog ing baunipun | amanggul kang talang akik | baune kiwa sadasa | dene bau kanan sami | sadaya kang dadi ăndha | malipir talanging margi ||

23. tibane toya sumawur | sumamburat maratani | kanan kering talagendah | toyane datan lumaris | liyane toya tinalang | pan sadaya rinêngga sri ||

24. pêpêthetan amêmuthut | kêmbang-kêmbange ngubêngi | kayu anyang angayangan | warana yom angayêmi | adas tarawas naratas | katumbar ambabar pinggir ||

25. cabe cêngkèh candhana rum | pêpala kayu têgari | sari adas sidawayah | manis kumukus mêsoyi | ing kalêmbak kapulaga | pucak pacar amalipir ||

26. talanira lumut-lumut | lamat-lamat tan alimit | lan akala kaliwatan | yèn sang wira wira-wiri | lami langlang kalangênan | karonron-ronron [ka...]

--- 150 ---

[...ronron-ronron] lan ari ||

27. sinambungan roning sêmbung | balumbang kalong balimbing | ring kulon wunglon kilenan | kalong kalung kolang-kaling | kali kêkalèn kalingan | dhukut dhêkêt mulêt têki ||

28. sêsêngkan pèrèng aparung | parang rong miring kapering | kêkarangan arang-arang | urung-urunge pring ori | asrang sinêrang karangrang | angrêrèwèng urang garing ||

29. bayangan bayêm ngrêmbuyung | lor durèn arèn kuwèni | rawe-rawe ing rêrawan | kararewang taru turi | karandhang lir ngadhang-adhang | kadhondhong nêdhêng asandhing ||

30. bengok bênguk nganguk-anguk | pêcuk cangak nucuk cacing | kacancang ing anjang-anjang | jinunjung bajangan bajing | jalarang mèlu angarang | ginagulang ing tênggiling ||

31. warak wuru ngawur-awur | kang ngawêri kiwir-kiwir | kuwur kawur nora kawar | sulur silar ting saluwir | suwari loro kumêlar | kumêlasar analisir ||

32. anucuk kêcapi pucung | kacaruk [ka...]

--- 151 ---

[...caruk] carang kacêpit | cacap cucuke kacêpat | suwak suwèk ngiwik-iwik | mangap kacangap srang-srangan | sinungsunging walangsangit ||

33. ramèng bramaramarèngrum | sumamar sêkar saruni | sari wungu wèh wêwêngan | tunjung bang kumambang têmbing | kambêng pambêngan nèng tambang | kaliling kaya ngalingi ||

34. tarate otêr kabêntur | bêntar kentir intir-intir | entiring toya antara | rêramening irim-irim | kêkiris riris karasan | kadya raras tinon aris ||

35. wetan tangkile tumungkul | ngulêngkênonga kêmuning | walikadhêp kêdhap-kêdhap | andhêndhêng kang randhu kuning | tinubing simbar kababar | kêkajar kadya jajari ||

36. kidul kandêl dhuwêt dhuku | jêruk jirak jambu jali | jambe jajar bêbanjaran | ênggène dhêmping anggamping | roning suruh kadi sarah | kumêlar kelor kumêlir ||

37. mèh daut mêndat kadudut | kadawan drawasèng angin | biyoyot biyêt abayat | Ramawijaya [Rama...]

--- 152 ---

[...wijaya] mulat ing | kabèh kêlangêning wana | kalalangan lêlêng brangti ||

19. Asmaradana

1. tuhu tan kêna winarni | rêngganing kang padhepokan | kapi Anila wagêde | ingukir pinănca warna | akik bang akik seta | akik dadu akik wungu | ingukir kuku kewala ||

2. mangkana wong agung kalih | yèn dalu tansah mêmuja | sanityasa sêmadine | yèn ari angenggar-enggar | ngidêri kêlangênan | gandrung-gandrung kapirangu | anon ngurage kang sêkar ||

3. kagagas putri Mantili | dhuh mirah pêpujaningwang | paran solahira anggèr | apisah lan dasihira | sarwi tumindak ngetan | gandrung-gandrung kapirangu | mulat kayu apu pita ||

4. dhuh ari putri Mantili | kayu apu tingalana | ing jêro ana kakape | kakap akik kang kinarya | tumindak malih ngetan | gandrung-gandrung kapirangu | mulat toya kang tinalang ||

5. dhuh kusuma maskuari | miyata [mi...]

--- 153 ---

[...yata] toya tinalang | pan ing nguni karêmêne | wangsul mangilèn saksana | ngubêngi pakêbonan | gandrung-gandrung kapirangu | mulat kalong kênèng kala ||

6. sarwi nucuk kolang-kaling | yayi Mantilidirêja | gusti kalangênan kalong | kalonge ing Maliawan | unine kaya kidang | cancangên panging kapundhung | anggèr pakanana walang ||

7. nanging aja walangsangit | manawa pês nuli pêjah | pakanana walanggênjor | lumampah angidul nulya | mring karangjambe jajar | kapirangu gandrung-gandrung | mulat suruh kadi sarah ||

8. dhuh ari putri Mantili | saosan kang jambe sêdhah | andhêmping gone gampinge | yayi urabana sêcang | campur dhêdharanira | nyangking sadak gandrung-gandrung | kapirangu tiris dênta ||

9. yayi iki cêngkir gadhing | ing nguni kalulutira | anggung sinurat pêputrèn | pinindha putri Manggada | ngunus patrêm abela | gandrung-gandrung kapirangu | belane kurang utama [uta...]

--- 154 ---

[...ma] ||

10. tan mulat kang dèn belani | sabêne karêmênira | dangu sigra wangsul ngalèr | marang ing toya pancuran | pring ori kang kinarya | kapirangu gandrung-gandrung | miyat sêluring karangrang ||

11. angrêrèwèng urang aking | mirah sira tingalana | iki sêmut asêsêmon | sêsomahan amèt măngsa | sigra kondur saksana | gandrung-gandrung kapirangu | kang diwangkara diwasa ||

12. prabane sumirat kuning | agonjing mustakanira | kang ima wilis duk katon | trênyuh tyasira tumingal | dadya kang salang-salang | kang akarya lara gandrung | sadalu datanpa nendra ||

13. dhuh gusti putri Mantili | paran wêkasing wiyoga | angin ru-ara gora rèh | dutaning rêktu karyonang | gurnita tan nangsaya | manglawan muwuhi gandrung | rarasing wadananira ||

14. tumutur gêbyaring sasi | kidang-kidang katon tandang | sumêngèr tinggal unine | kemutan ing swaranira | liman agung liwêran | sun agandrung

--- 155 ---

kapirangu | katon kawagêdanira ||

15. lintang sumusuping tasik | kilat limut lamat-lamat | umulat kincang ta anggèr | gandaning kusuma sumyar | mrêdu nanduki grana | masuk sumusup ing jantung | mêrês rarasing wardaya ||

16. drawayèng waspa ngong ari | anon manyura kirab lar | kumêlap kadya remane | nalika ukêl winêdhar | dhuh mas yangyanging teja | dasih agung kapirangu | tan kawawa anahana ||

17. anon kuntul kontal-kantil | katatal katula-tula | katali salêlewane | talaga kocak kalembak | ngalabi lêbak-lêbak | marutasangsayèng ranu | kadya dening imbanira ||

18. kunêng kang anggung wiyadi | wuwusên Guwa Kiskêndha | Sri Maha Sugriwa Katong | lan sagung bala wanara | samya muktining boga | gung alit sadaya tuwuk | tan ana winalangdriya ||

19. tuwin Sugriwa Narpati | andon raras karasikan | lan Dèwi Rata garwane | muktyanèng

--- 156 ---

sajroning pura | Anggada wus diwasa | wus pinacak satriya gung | punggawa sinungan bala ||

20. sinami lawan Maruti | balane Radèn Anggada | Druwenda bupati gêdhe | têtêp ngêmbani Anggada | apan ingkang parentah | Bathara Rama ing dangu | Anggada pinundhut putra ||

21. warnane tuhu ngajrihi | acancut rowang arikat | kadya baskara netrane | yèn asêgu kadya gêlap | gêtêr-patêr sauran | turas prajurit pinunjul | kinudang ing tri bawana ||

22. wadya wanara gung alit | amuji Radèn Anggada | mendah ing aprang bobote | dhihin anaking prawira | kapindho kasêpuhan | ingambil putra satuhu | ing Gusti Bathara Rama ||

23. kunêng Sugriwa Narpati | wuwusên ing Maliawan | wong agung ingkang wirangrong | nalika enjing alênggah | lan ari Sudarsana | munggèng soring nagasantun | kang raka asru ngandika ||

24. hèh yayi Sumitrasiwi | tingalana langit [la...]

--- 157 ---

[...ngit] ika | pan wus samya rêsik kabèh | yayah budining pandhita | sari wus padha ngurag | kang ăngsa wus akèh mabur | mamrih toya mring talaga ||

25. mangsane katiga prapti | pagene yayi Sugriwa | têka lali ubayane | pijêr amukti wibawa | anèng sajroning guwa | baya nora mêtu-mêtu | tan mulat padhanging wiyat ||

26. dene ubayane dhihin | sêdhêng arang ingkang udan | kapindra sanggup angkate | amukul nagri Ngalêngka | iki ta wus katiga | baya ta nora andulu | maring silaking akasa ||

27. panguraging sarwa sari | yèn rina tan mêdal-mêdal | pijêr muntêl ing paturon | karane tan kaemutan | maring măngsa katiga | pijêr nora sêdya mêtu | apa tan ajrih tumingal ||

28. patine wanara Bali | yayi sira lumakua | maring Kiskêndha dèn age | Si Sugriwa ucapêna | lalune ing ubaya | ingkang rayi nêmbah mundur | mangkat [mang...]

--- 158 ---

[...kat] ngecani wardaya ||

29. amikul langkap pribadi | pinundhak ing bau kiwa | nyangking jêmparing têngêne | kang aran Surawijaya | sanjatane Lêksmana | ing marga datan winuwus | prapta ing Guwa Kiskêndha ||

30. bala wre kathah udani | praptanira sang nararya | malajêng maring kadhaton | tur uningèng ratunira | Radèn Lêksmana prapta | Sugriwa gupuh amêthuk | wus kinèn angaturana ||

31. lumajêng ingkang tinuding | wong agung wus ingaturan | lajêng tumamèng kadhaton | orêg kang bala wanara | samya saos ing karya | Sugriwa mêthuk tumundhuk | gupuh risang wau prapta ||

32. ngrarêpa sarwi nungkêmi | wau Narpati Sugriwa | angraup nguswa lêbune | ing suku Sumitratmaja | sampun ngaturan lênggah | munggèng singangsana murup | prapta glar kang pra dipatya ||

33. Sugriwa umatur aris | dhuh anggèr raka paduka | jêng gusti mendah dukane | pun patik angraès[4] dosa [do...]

--- 159 ---

[...sa] | mèh lalu ing ubaya | wuruning ăngga pukulun | anglimputi kaluputan ||

34. wisaya wibawa mukti | arang wruh ing kapuwaran | pun patik kalangkung awon | lamun kawula ngutusa | marang bala wanara | ambalengkrah gunung-gunung | ngosak-asik wanawasa ||

35. pintên wiyaring jaladri | kalaban bala wanara | Sumitratmaja lingnya lon | yayi sira ingandikan | barênga lawan ingwang | Sugriwa nêmbah umatur | suwawi inggih sandika ||

36. Prabu Sugriwa ngêjèpi | umêsat Radèn Anoman | minggah ing gapura gêdhe | sigra anggoyang gathita | garjita kapi bala | kumrutug saengga jawuh | ibêkan punang gêgana ||

37. lir guntur nêngkêr wiyati | kumarusuk kumarasak | kadya prahara gora grèng | wanara kang têbih gènnya | lêlakon pitung dina | dhêdhêt prapta susun timbun | ing wuri pan dèrèng têlas ||

38. tuhu tan kêna winilis | gunge

--- 160 ---

kang bala wanara | datan karuan wêndrane | sèwu kirna sèwu wurda | misih kêna dèn wilang | pitung dina ping pat kêmput | têbane bala wanara ||

39. Radèn RamaDayapati | mulat angulon angetan | angidul miwah angalèr | sangkêp kang bala wanara | tan ana liru prênah | ing sajuru-jurunipun | ing wuri maksih kumêrab ||

40. anjog Rama Dayapati | saking ka[5] pura wiwara | wus praptèng ngarsa prabune | asasmita wus samêkta | ambêkta singangsana | saosane sang aulun | pinanggul wanarèng wuntat ||

 


nupatèng. (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn muranga ingkang kramaniti. (kembali)
Lebih satu suku kata: pan sèwu yuta langkung. (kembali)
angraos. (kembali)
kang. (kembali)