Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 29–37)

Judul
Sambungan
1. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 01–09). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 10–19). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 20–28). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 29–37). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 38–47). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 48–57). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 58–70). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 71–82). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 83–91). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 20-01-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

29. Maskumambang

1. hèh mulane gustimu tan wruh ing bêcik | mitra lan wanara | Si Sugriwa seje jinis | tandhane manungsa dama ||

2. pêpantêse wanara mitra rasêksi | amitra manusa | manusane mudha yêkti | tan patut padha manusa ||

3. pratandhane yèn wiku-wikua yêkti | pan tutut budinya | nora gêlêm mêmatèni | migêna wiku candhala ||

4. hèh ta munyuk sira mauling ing mami | narpati jayèng prang | amatèni satru sêkti | tan misesa wasa-wasa ||

5. rêtna manik pawèstri labaning jurit | yèn mungsuh jayèng prang | panjinge tinawan èstri | dunyane dadi jarahan ||

6. lamun nora mangkono tan jayèng bumi | têtêp para dhara | gora-godha ambêg julig | lah karane gustinira ||

7. ngrêrusuhi ana

--- 241 ---

ing jajahan mami | bumi ing Dhandhaka | butane kang dèn kêkêthip | nora dewèhi mêmăngsa ||

8. mung wikune bae padha dèn warêgi | jêr wong nêdya ala | mrih kuru bala rasêksi | mulane age pinadhan ||

9. wong anêdya rusake jajahan mami | wus jatining ditya | para dhara ngrêrusuhi | manusa mèlua ngapa ||

10. Si Rêgawa dene tan wirang ing bumi | miwah Si Lêksmana | tuhu ambêg pandhita di | ya milu mêmati ditya ||

11. hèh lingmu ya Si Wanara Bali mati | tèk sêktine lara | Si Bali apês kapati | kang jamak panah pupuga ||

12. pratandhane Ramawijaya kuwalik | ana wong ayuda | padha kadange pribadi | prandene gêlêm dèn sambat ||

13. amatèni Bali tanpa dosa yêkti | iku têtêp murka | Si Rama têka dahwèni | dursila niti candhala ||

14. wusnya nguman-uman rêksasa narpati | Anoman ling sugal | apakonênacad [apakonêna...]

--- 242 ---

[...cad] mami | rumabasèng taman soka ||

15. anênacad duta mudha punggung mami | ingong nut ing duta | kang utama nguni-uni | nora dhustha kaya sira ||

16. ngong lumaku kinon maring gusti mami | Sri Ramawijaya | lumawat maring kang rayi | kêpanggih nèng taman soka ||

17. gustiningsun sadhepok ana ing siti | sira nuli prapta | dadi suwe sun antèni | sira tan kapadhan karsa ||

18. gora-gadha sira arêp mêmatèni | angunus căndrasa | yèn sidaa ingsun nuli | anjambak saking paragak ||

19. ingsun pêdhot gulumu ingsun jêjuwing | apan dudu tingkah- | ing raja jinising gênjik | datan rèh ing prabu tama ||

20. kinêpruka êndhase nora bayani | marmane sun rusak | tamanmu sun obrak-abrik | sun tumpês balamu ditya ||

21. lan anakmu Si Saksa ingsun jêjuwing | sira kang sun ajap | mau mêtuwèng ajurit | nora wurung sun sêsêmpal ||

22. sira

--- 243 ---

ingkang muruk ala wong sabumi | tinut balanira | durcara anggêgêdhêgi | tinumpês tan dadi ngapa ||

23. singa murka nèng bumi linêbur aglis | kongucap wanara | Si Bali apêsing urip | pan dhihin pratamèng sastra ||

24. santa darma wiku bae dèn ugêmi | mung anêdya pêrak | lawan bathara kang pinrih | Bali wanara pandhita ||

25. apan tulus têtapa anèng ing wukir | nuli ana ditya | kaya yuyu kaya luwing | mring gone Bali atapa ||

26. dhas sapuluh tangan rong puluh kang prapti | guru păncasona | winuruk marang wre Bali | wusnya bisa păncasona ||

27. dadi mitra anggêgurua wong asih | trêp anèng pratapan | iku ingkang nênulari | edane ngajak dursila ||

28. ngiris-iris tyase kapandhitan sêbit | jêr kudu anjarag | buta gila dèn wuruki | ing ajine păncasona ||

29. kêtularan durmurka kaya rasêksi | mulane pinanah | ing gusti sanjata êning |

--- 244 ---

ing tyas ambêk parikrama ||

30. ilang kabèh sêktine wanara Bali | katiban bramastra | pan sarwi dèn sêsangèni | gustiku lamun mêmanah ||

31. ngêmbat langkap sarwi ngucap jroning galih | yèn si nyata ala | matia ing panah mami | yèn bêcik aja tumama ||

32. nyata ala mulane jidhèt wre Bali | katiban sanjata | têrus dhadhane babarji | mangkono narendra tama ||

33. ingkang aji păncasona tanpa dadi | măngka kaya sira | ratu nasak bosak-basik | mrih pati tan nganggo tata ||

34. ngawud bae măngsa nganggoa sêsangi | kaya gustiningwang | ratu rêtnaning sabumi | besuk iku gulunira ||

35. pacangane bramastrane gusti mami | mulane tobata | aja prang lan ratu mami | ngaturêna Dèwi Sinta ||

36. lawan pèni-pèni ing Ngalêngka iki | kabèh aturêna | angêsrahna anak rabi | pamurung bilainira ||

37. lamun nora mangkono Ngalêngka [Ngalêng...]

--- 245 ---

[...ka] iki | dadi karang rampas | basmi sanagara tapis | sira kang gêgawa papa ||

38. eling-eling babo-babo dèn pakeling | yèn sira rêp waras | nêmbaha ring ratu mami | aywa ayuda kênaka ||

30. Pangkur

1. Rahadèn Pawanasuta | tyasira nir baya nir wikarèki | macicil pamuwusipun | manabdèng Dasamuka | tur mangsane siniwakèng punggawa gung | angosoangêrap-êrap | mring Dasamuka Narpati ||

2. Dasamuka langkung duka | têdhak saking palăngka anudingi | brakuthu bang mukanipun | amilêlêng dumilah | hèh kojanjan cêcudhig wanara lumut | wre ngajap gawemu papa | dèn singsêt padha nalèni ||

3. buntênlên[1] ikêtên lawan | kayu-kayu dèn singsêt analèni | êrutên kalawan êduk | lapisên alang-alang | êdusên ring lênga-lênga dèn kalumut | lawan jêjêlana uyah | buntut buntêlên pribadi ||

4. ingkang duk miwah lêlênga |

--- 246 ---

alang-alang lah payo dipun aglis | mangsah ditya kang tinuduh | anggawa obor samya | wus ingobong pinrih patinira Bayu- | tênaya wrêdi agninya | muntap mulat punang agni ||

5. ri sêdhêng dahana mubal | tiwikrama Anoman mangkat aglis | kadya prabata umurub | ngungkuli jroning pura | angin adrês godhi rantas tatas rampung | kêkirig Radèn Anoman | jro kadhaton udan gêni ||

6. prahara gora walikan | bajra mêsês mulêk kang angin-angin | mêsat Anoman mandhuwur | kadya andum dahana | kang nibani omah-omah wèh umurub | gègèr rêksasa gumêrah | têtulung marang jro puri ||

7. lor kidul wetan dahana | wus andadi dahana angêbêki | agninya mubal amumbul | muntab ngênani wisma | awurahan èstri jro pura gumuruh | puyêngan otêr ru-ara | tanbuh-tanbuh kang dèn ungsi ||

8. sagung rêksasa sinawat |

--- 247 ---

kang tumênga kèh kêna kèh ngêmasi | ana tutuknya matungtung | buta pating garundam | mar kumêtêr kasoran kadiranipun | kapuhan niring kasuran | magêgêh kewraning agni ||

9. lêburan sajroning pura | pira-pira wisma mas gêsêng basmi | saka manik-manik murub | akik suh rêmuk rêmpak | sayandadi pawaka kênangin mawur | kawur kawuwur dahana | saênggon-ênggon andadi ||

10. tutug ingkang mulad-mulad | gêrêngnya lir gora manêngkêr langit | musus angin-angin lesus | walikan sabuwana | taman soka kagyat samya duk gumuruh | gègèr swaraning danawa | barungan swaraning agni ||

11. gapura-gapura sirna | pira-pira dalêm agêng kabêsmi | tumpêsan gêmpur tur sumyur | ulêkan mulêk mêlak | kukus-kukus kang lesus mêsês kapupus | ngakasa mangampak-ampak | nampêki ditya kèh mati ||

12. gripura-pura umarab | datan kêna gêni yèn dèn sayuti [sayu...]

--- 248 ---

[...ti] | lir tinunu ing dewa gung | Bathara Maeswara | kadya kala kalanira mawêrda sru | krodha umangan-mangan rat | tan ana kang anambaki ||

13. sato-sato jroning pura | manuk-manuk tumpês tan ana kari | sanagara kuwur kawur | pijêr otêr kewala | ambalasah ditya wênèh ana mabur | giris mulat ing dahana | nèng luhur binalang gêni ||

14. kèh mati tibèng bantala | wiwrin kabur pati-pati dènnyungsi | ana kang ambyur ing banyu | sagaran gêng katiban | agni ingkang saking gêdhong panggung-panggung | umop toya lir kinêla | wil mêntas sêlak ngêmasi ||

15. lodhoh bangkening danawa | lir ginodhog pira-pira dityèstri | kang mati katampêk kukus | ru-ara lir bathara | maberawa mêkasi jagad ginêmpur | trênyuh manik candrakanta | tan ana kang tawèng kêni ||

16. lêburan pêthetan sirna | Dasamuka katampêk nganan ngering | ngalor kukus ngulon kukus | katampêk ngidul ngetan |

--- 249 ---

tanbuh gone sabrasthane jro kadhatun | Anoman sigra lumumpat | maring taman soka malih ||

17. marêk Sang Janakatmaja | sru kumêpyur praptanira Maruti | panarkanira wus lampus | ingèwu-èwu ditya | lêga tyase Anoman têkane wutuh | mung panah siji tumanggah | anèng wêntise kang kering ||

18. Radèn Anoman tur sêmbah | pan kawula gusti duta sayêkti | dene duta arubiru | benjing tuwan aturna | ing jêng gusti Ramawijaya pinunjul | saking krodhaning Rawana | tumangguh ing rèh tan yukti ||

19. kawula lumaku duta | tan sangsaya amrih sukaning gusti | akathah pratandhanipun | sigra nêmbah umêsat | saking pura Ngalêngka sampun angayuh | jumantara aru-ara | bajra mêsês angin-angin ||

20. gumuruh gêrah gurnita | mawalikan ri kang prabawanèki | rêbah rug kang kayu-kayu | kèh sêmpal kaparapal | gêtêr-patêr dhèdhèt erawati wagyut |

--- 250 ---

lir ginênjot suralaya | molah wening jalanidi ||

21. gambira gora sagara | ombak kambah pyaknya gêng giri-giri | gègèr mina kapalayu | naga kol magênturan | agraning wukir Maendra manggut-manggut | kagyat sagunging wanara | bala kang samya anganti ||

22. RajaPutranggada lawan | Sang Anila Jêmbawan sawadyèki | wre kasrêg gorangin sindhung | prakêmpaning udaya | tan antara prapta Anoman maniyup | mawrêg kang wanara mulat | praptane Risang Maruti ||

23. gupuh Radèn Baliputra | Sang Anila Jêmbawan mêthuk sami | wanara kèh kusung-kusung | toncihna Sang Maruta | suta kathah katongton pratandhanipun | narka yèn wus sidèng karya | atata samya alinggih ||

24. wre alit adoh ngujiwat | kagawokan samya wre alit-alit | misih tiwikramanipun | pama prabata Mawan | angganira têtuwuhan kadya wulu | pucaking ardi Malyawan | upami sirah Maruti [Ma...]

--- 251 ---

[...ruti] ||

25. tambining lyah kadya jaja | guwanira ingkang minăngka kanin | rah mili saengga dhatu | rêrêm kang pracalita | kêmbang-kêmbang sarine marurum-arum | sumrik lir tilam kumala | mêmbate kang sari-sari ||

26. wanara kang nganti samya | lir angarang lalu dènnya mrih rêsmi | praptane Anoman sampun | nêkani sacumbana | pira-pira sakèhe rêrêsêp kumpul | maratani dadya suka | dene Anoman wus prapti ||

27. lamine pangantinira | samya nahên wirangrong wre kang ngiring | rangu-rangu kapirangu | angarang karurungan | maras-maras bok wurung dhiri kawangur | mangkya prapta Sang Anoman | lir manggih rêtna sawukir ||

28. sartantuk têtelèng lampah | lêlakone anèng Ngalêngka puri | mari mangarang mong rurung | Jêmbawan Nilanggada | angluwari rarasing tyas rangu-rangu | lir ăndakara purnama | kesisan ngima manipis ||

29. samya srêp tekang wardaya | mawartakkên Sang RamaDayapati | kaduk mêmanising

--- 252 ---

tutur | kang winartan sadaya | namudana nanduki wulat rum-arum | kadya manik candrakanta | dikanta mrêdu mêmanis ||

30. tri Jêmbawan Nilanggada | winartananduk panggih rajaputri | ing solah kawêlasayun | samya sêkêl sadaya | rangu-rangu kapirangu arawat luh | angin-anginira datan | kêras marutanira ris ||

31. isthane kadya mirsakna | kang ginunêm nèng soring kayu wudi | punggawa wre anung-anung | wre patang kêthi aglar | amirasa liring rèh punggawanipun | mangingsêk-ingsêksadaya | rêrêp ombaking jaladri ||

32. dhêdhêpe tan ana swara | yayah milwa mirsakkên kang pawarti | kadya bantu brăngta wuyung | wusnya martakkên nulya | ing solahe narendra padni mlasayun | Anoman gantya wêwarta | ing tingkah têmahan jurit ||

33. ing wasana ramening prang | dadya lipur sêkêl nêpsune tangi | mulat ringas ting salêmprung | galak krura makilat | ngadhuh sêgu prakatha gêlap mabarung [maba...]

--- 253 ---

[...rung] | rêrêm sang hyang diwangkara | kadya ngaptèni kang runtik ||

34. hèh dene tan nganti sira | nora mangsit ngadoni jayèng jurit | aywa mangkono ing besuk | pan kabèh kang angantya | sanakira jaga ing rèh pakaryamu | aywa nênisani ing prang | tuhu karya walangati ||

35. tuju tan kaparèng tiwas | kadiparan tiwasa ing ajurit | Bayutênaya gumuyu | dene kang ora-ora | pan gustimu narpatining rat pinunjul | bathara angejawantah | têtêp musthikaning bumi ||

36. ri sêdhêng mirsakkên warta | tyasnya sagung wre kang para dipati | gêngning kang suka kêlangkung | kadya kang jaladiyan | kasorotan sasăngka purnamanipun | wêtune padhangsumilak | saharsèng tyas rarasati ||

31. Mijil

1. pan lêstari pawartanira glis | kang wadya wre bodhol | kabèh ngayuh gêgana lampahe | diwangkara wus tumamèng lingsir | rikat kang lumaris | Maendra kapungkur ||

2. wukir Malyawan [Malyawa...]

--- 254 ---

[...n] sampun kaèksi | gya niyup mangisor | kadya teja wangkawa kilate | prabawanya wor lan cundhamanik | prapta sadaya glis | ing têpining gunung ||

3. orêk kang wre yèn Anoman prapti | gurnita kang anon | Prabu Sugriwa sapunggawane | lagya ngadhêp ing gusti gung wingit | miwah ingkang rayi | Sang Lêksmanasadu ||

4. mangsah Anoman wus praptèng ngarsi | myang wre kang rumojong | Nilanggada miwah Jêmbawane | parêng ngabyantara awotsari | kagyat duk ningali | tyasira kumêpyur ||

5. Ramawijaya gupuh mangsiti | kang saking kinongkon | munggèng wuri Sugriwa jujuge | Sugriwa matag majêng wotsari | katur cundhamanik | lawan suratipun ||

6. Risang Ramawijaya mulat ing | cundhamanik kaot | nora samar kancinging gêlunge | ingkang rayi putri ing Mantili | cumêplong tyasnèki | onêngira lipur ||

7. wus tinampan ingkang cundhamanik | lan sêrat [sê...]

--- [0] ---

[Grafik]

R. Anggada. Kapi Anila. Prabu Sugriwa. R. Anoman. Sri Narendra Ramawijaya. R. Lêksmana.

--- 255 ---

[...rat] nèng pangkon | lagyandangu Anoman solahe | dene jêmparing tumancêp wêntis | Anoman wotsari | katur purwanipun ||

8. amiwiti malah amêkasi | tingkahe kinongkon | solahira katur sadayane | wutuh datan kirang datan luwih | sukanya tan sipi | mangungun kalangkung ||

9. jêmparing kang tumancêp nèng wêntis | wus kinèn amocot | Ramawijaya alon dêlinge | hèh Sugriwa Si Anoman yêkti | mukyaning duta di | nêmokkên sakayun ||

10. duta widagda tuhu dibya ring | wêweka kinaot | surasêkti titi titikane | wusnya muji mring Anoman nuli | surat dèn ungkapi | winawas kang têmbung ||

11. sêmbahing ulun putri Mantili | kang agung wirangrong | kang kataman papa patakane | kaatura ring narpaputra di | kang wus kataman ring | siniwinta prabu ||

12. kang rinatu mring wadya wre sêkti | wirutamèng kewoh |

--- 256 ---

măngka pratăndha ika praptane | yèn dasih tagung onêng wiyadi | siyang pantara tri | mung ciptèng pukulun ||

13. mila katura kang cundhamanik | prasasat anggèng ngong | mangsah sumêmbah munggèng padane | myang kagêngan singsim ingkang prapti | sasat wus kaèksi | astanta pukulun ||

14. dhuh wulatkên hèh sri narapati | Rama dewaningong | bêktyèngong gêng tan ana wêwênèh | myang pamular ingsun siyang ratri | liring rèhumijil | ring netra ngapêndul ||

15. janma ping sapta aywa na malih | munga dewaningong | ing nguni duk tan ana wartane | sêmadiningsun ing sabên ari | mung sang narapati | maksihèng dumunung ||

16. yèn tan antuk kayêktining warti | gèn sang prawira nom | mung anyipta turunapyuh bae | gunung tasik jurang ingkang trêbis | supayane dadi | margine anganyut ||

17. tanpa mêndha tanpa trêsnèng urip | witning lara kasok | sakathahe kanikmatan [kanikma...]

--- 257 ---

[...tan] têmbe | pinanggiha mangke tanpa kardi | datan ngusadani | marang gêngning wuyung ||

18. sakèh ingkang kapiyarsèng dasih | mêmanis rumaos | kang mimbuhi lêlara gêng bae | barang ngunènmêmuwuhi brangti | mung jiwaku mungging | Rama dewaningsun ||

19. nir guna kabèh ingkang kaèksi | kapyarsa tanpa don | kêmbang-kêmbang dadya satru kabèh | angin-angin angunjara sami | miwah ranu sami | tan tumamèng gulu ||

20. mangkya sampun amiyarsa pasthi | paduka amanggon | tur siniwèng dening kang bala wre | saengga gring wus parak ing pati | mangkya ngusadani | kêkêtêg duk rawuh ||

21. tur kawula risang batharaning | pukulunaningong | sampun dahat-dahat mong wirage | dhuh sudanên prihatin ta gusti | bilih ngrêregoni | karyanta pukulun ||

22. amung rasanên saèstu niti | jayaning kaprabon | sampun mawi ing rèh rupêk lire | amung grangên ulat doh kaèksi | apan paduka ji |

--- 258 ---

rèh dhewe kaputus ||

23. undhagi ring cêtha kramaniti | ayuning kaprabon | praptèng nistha madya utamane | panglimputing boganta dèn èsthi | tan amriha asih | ing wadya sawêgung ||

24. ring pakarti sampekaning pati | krêtarta wus kinon | kridhaning rat winiweka kabèh | maha prawira sastra utami | lirning upasaji | sarjana kawêngku ||

25. ring kacidran tan kangên-angêni | tan punggung ring kewoh | ing pangawruh wus kawruhan kabèh | paran măngka singsal ing gêng wingit | kang tanpa sasami | gunggunging lara kung ||

26. sining dunya liyan sagarardi | agêng laraningong | inggih Dasamuka panggawene | marma dèn enggal praptaa aglis | mumpung Rawana Ji | tyase ara-uru ||

27. lawan mumpung dasihe aurip | lumadyèng palugon | Si Rawana ambêg krura bae | ilang pangulah sèstuning aji | dhustha dursila ring | tan pambêging ratu ||

28. mumpung wadyanta wanara lagi | nêdhêng ing palugon [pa...]

--- 259 ---

[...lugon] | wirotama ing kasudirane | saisèng rat pilih kang nangguhi | kalawan pun dasih | nênuwun pukulun ||

29. punapantuk praptaa ing benjing | Rama dewaningong | inggih ingkang langkung pikantuke | wêwalêse kawula sêsaji | kaswasih tan sipi | drês lamining kang luh ||

30. netra kawula kalih matimbil | sruning bêndung kang loh | buh abalut ngêmu rah bintite | wus kasêdya luh măngka puniki | lir toya dana ring | pangumayèng ulun ||

31. bilih paduka praptaa benjing | sirêp wijiling loh | aksamanên kang agêng dasihe | dene anggung karyangèling gusti | marma pisah ugi | awit saking ulun ||

32. amêminta paduka nuruti | saking gêng sih mring ngong | kidang êmas sangêt tan andimpe | paduka gung nuruti ing dasih | yêkti kawula wit | wèh onêng pukulun ||

33. mangkya ngadoni ing jayèng jurit | tan lyan saking ingong | kudu-kudu wèh pakaryan bae | dhuh druhaka

--- 260 ---

têmên Si Mantili | gung wèh walangati | sangêt ing pukulun ||

34. mangun trunaning udaya gêtih | kombaking prang popor | minăngka kol rêrêmpon wadya kèh | angadoni pancas muga Widi | têtulunga aglis | mring batharaningsun ||

35. benjing yèn prapta pukulun panggih | luwaring pakewoh | kawula wus kapok liring têmbe | kawulakna imbalên ping kalih | kondhangên kaping tri | dasihna pukulun ||

36. sapituduh paduka ri ratri | sumaji sapakon | pan mituhu satuhu ring têmbe | apunagi gênging sukèng galih | witning byatning sakit | waluyèng pukulun ||

37. tan rumăngsa jiwèngong nèng dhiri | rungsit tanpa panon | yèn luwara pakaryan sakèhe | dhuh dewaku sêksinên ing Widi | titi sêrat mungging | ing pustaka jamus ||

38. Ramawijaya solahnya tan wrin | luhira drês miyos | anibani aksara waspane | dadya luntur tulise

--- 261 ---

tan kèksi | pijêr rumasani | sambating gung wuyung ||

39. têmbunging surat mêmêlad ati | rarase karaos | kadya sumusuk manjing kalbune | amêmênyêt kadya muntir-muntir | mibêt mêthêt galih | anjêjuwing jantung ||

40. pustakanira winawas malih | tulis datan katon | saking kawur kaluntur tibane | saking drêsing waspa duk umijil | Ramawijaya ris | pangandikanipun ||

41. hèh Anoman tulungên sun iki | tulise kalorot | durung kongsi tutug wêwêkase | tutugêna wêwêkase nguni | Anoman wotsari | majêng atur madu ||

32. Dhandhanggula

1. dhuh pukulun makatên kang wêling | jêng paduka mantuna gêng lara | dipun eca ing driyane | apan ta sampun tamtu | mulya ênggèn sang rajaputri | amung anglastarèkna | paduka pukulun | ing rèh jaya-kawijayan | sampun anggung amikir laraning brangti | mrih nuntên tumanduka ||

2. saha bala amrawasèng jurit |

--- 262 ---

rumabasa ing satru during rat | Rawana Ngalêngka age | wruha wasananipun | rayi tuwan sang rajaputri | tyas gung mangêbang-êbang | kadursilanipun | Dasamuka pungkasana | wêwalêse agawe lara gung brangti | mugi sirnaèng yuda ||

3. sawusira Anoman nambungi | lêburing tulis sigra cinandhak | Anoman katur ature | mungkabandriyanipun | cundhamanik ingalap aglis | tinonton anèng asta | ingaras ciniyum | wanti-wantining panguswa | nulya ngusapakên maring pipi kalih | agung sinamudana ||

4. sigra Bayutênaya wotsari | sarwi ngiras pantês aturira | wong agung kalih sinambe | Radèn Lêksmana sadu | lan Sugriwa kalih sinambi | ature mring gustinya | mênggah ta pukulun | pun Rawana anglir singa | kang nagari Ngalêngka pami wanadri | dene ta pun Sugriwa ||

5. anglir agni sakêkonang wêning | măngka angine nênggih paduka | dumamu mring agni [a...]

--- 263 ---

[...gni] age | sakêkonang umurub | mubal-mubal sawabing angin | angine ngin utama | pamungkasing bayu | gênine gêni unusan | mila datan sangsaya krodhaning agni | ingkang anggêmpur wana ||

6. brasthaning wana macane kêni | pangungsène apan datan ana | punika ing salokane | bêsmi Ngalêngka tan wun | dening murkanira mawêrdi | Bathara Wisrawana | pinandhita tuhu | rinusak dunya jinarah | kaping kalih ari paduka Mantili | têtêp ginawe lara ||

7. sariranya kongsi kuru aking | wulan karainan pêpadhanya | lir kêmbang tibèng labête | Anoman wusnya matur | sira Ramawijaya kadi | tinètèsan ing toya | marta paminipun | kadya gring manggih usada | ing ciptane Ramawijaya duk prapti | duta Pawanaputra ||

8. abipraya Dyan Sumitrasiwi | wrining gita Narpati Sugriwa | yèn ngantia pangatage | Ramawijaya dangu | pijêr angên-angên makingkin | sasmitèng pra dipatya | matag wadyanipun [wadyanipu...]

--- 264 ---

[...n] | gora rèh bala wanara | parêng tandang lir guntur nêngkêr wiyati | umèb rok magênturan ||

9. sajuru-juru wus ngumpul sami | sagunging wre manggalaning aprang | kumêbulnata barise | pratăndha wre gumuruh | kadya trunaning kang jaladri | pratiwi kadya bêlah | prakatha gumuntur | jinjang Sang Sri Ăntaboga | kagyat dening grêguting wre ngumpul sami | budhal panganjuring prang ||

10. wre prawira Susena pangirit | manggalaning prang mara dilaga | satus yuta pêpangkone | Winata Endrajanu | Danurdara kapat bupati | abala nyatus yuta | lir prahara jamus | liyaning catur manggala | pra dipati anggrêbêg ing sang siniwi | budhal saking Malyawan ||

11. pirang-pirang yuta angêbêgi | kadi wukir sol wanadri mangkat | guntur-maguntur gorarèh | kumrasak kumarusuk | lir ampuhan manêmpuh wukir | ru-ara bumi molah | asindhung tumundhung | busêkan arêbut marga | têdhuh [tê...]

--- 265 ---

[...dhuh] dhêdhêt ing wuri kadya jaladri | wutah ngalabi jagad ||

12. ngara-ara jurang ngiring-iring | wukir siluk-siluk kawaratan | ing bala wanara gêbèl | lêlêbak singub-singub | jêjêl bêntêt ing wre lumaris | gêtêr-patêr walikan | angin-angin lesus | dhèdhèt lor wetan angakak | bêngis mingis rawat-rawat erawati | ngurmati sang murwèng prang ||

13. urut mirut kadya anawêngi | diwangkara surêm tan sumirat | kadya nongsongi isthane | marang sang among gandrung | kapirangu lampahnya ririh | mangunayèng wardaya | mangu gandrung-gandrung | mulat kèhning kapi bala | ngunadika tiwasa nêmpuh ing jurit | titi kang winiweka ||

14. Sugriwa mrih nêmbah matur aris | lêng paduka nitiha palăngka | ingusung dening bala wre | mèsêm sang among gandrung | nora yayi bêcik lumaris | among rarasing driya | ngusadani gandrung | aywa gupuhing lumampah | pratisthanên tyasirarsa [tyasi...]

--- 266 ---

[...rarsa] mangun pati | mriha wasana mulya ||

15. dadya aris dènira lumaris | asasmita Narpati Sugriwa | marang sagung punggawane | wau sang gandrung-gandrung | suka miyat anganan ngering | amurwa kèhning wadya | mangu gandrung-gandrung | wre alit lumampah têbah | katingalan gendhong kacang kalung cêngkir | akèh mikul wowohan ||

16. ana ingkang kapundhung sauwit | binêdhol dhuku pinandhi samya | rêmbyah-rêmbyah saparane | suka sang mahêng gandrung | solahing wre sajati mosil | mawèh rêsing asmara | mênggah gandrung-gandrung | yèn sayah sami alênggah | soring wuni kinubêng ing pra dipati | wuntat matitip atap ||

17. sarwi mulat ing bala lumaris | kanan kering lir samodra bêna | jêjêl-jumêjêl gorangrèb | gumalêdhêg gumludhug | kadya ladhu dhadhaling wukir | wus dangu kèndêl mangkat | sarwi gandrung-gandrung | Sri Bathara Ragutama | datan pisah pangayape pra dipati |

--- 267 ---

kadya lun tan adrêsa ||

18. kêtub prakampita kang pratiwi | mêmbak-mêmbak kadya namudana | amangsit jayèng lakune | risang asmara gandrung | sêbrak ingkang wrêksa waringin | isthane asasmita | ing rèh gandrung-gandrung | luwarên wiyoganira | tan sangsaya pakartimu jayèng bumi | suh satru kalamurka ||

19. gègèring wana kang sato gusis | amung kidang ingkang kadya tandang | sajodho munya sumêngèr | ing ngarsa sang agandrung | asasmita tuhu tan ajrih | kadya angupacara | mring sang gandrung-gandrung | siniwo arsa cindhanak[2] | maring wana kidang mumbul tan kaèksi | sajatine pan dewa ||

20. dènnya amrih utamèng pakarti | milya ing rèh Sri Bathara Rama | nêdya kamulyan sawabe | sang gandrung kapirangu | suralaya jawata kêrig | ngurmati lampahira | risang gandrung-gandrung | mastuti saking kadohan | jaya-jaya jayaa sang andon jurit | tutug barang kinarsan ||

21. gumalêgêr [gumalê...]

--- 268 ---

[...gêr] swarane kang wukir | asênggani gêlap ing awiyat | sumarambah samodra rèh | tuhu sang among gandrung | kang kinurmat barang kumêlip | wau ing lampahira | tansah gandrung-gandrung | wanara kang pra dipatya | anyaosi wowohan kang adi-adi | binêdhol sawitira ||

22. nanging wong agung dèrèng akapti | anadhaha sajroning lumampah | ngêningakên sêmadine | marma gung gandrung-gandrung | dadya rêmbên dènnya lumaris | dene sang mendrasmara | pijêr gandrung-gandrung | Jêmbawan matur manêmbah | mring Sugriwa hèh prabu ngajêng puniki | bêbulak ngênthak-ênthak ||

23. alampahan ing saparon ari | datan ana kêkayon satunggal | mung alang-alang isine | lan balêmbêm kang dhukut | kalamênta miwah garinting | ing nguni pan punika | kala jênêngipun | Sang Prabu Maesasura | Jathasura punika bumi wêwangkit | Kiskêndha lan Ngalêngka ||

24. dyan wong agung alon anambungi | apa yayi ature [a...]

--- 269 ---

[...ture] Jêmbawan | Sugriwa nêmbah ature | margi ngajêng pukulun | wontên bulak saparon ari | nênggih bumi watêsan | Kiskêndha rumuhun | kalawan bumi Ngalêngka | dadya kèndêl wong agung lampahirèki | matak puja ing wuntat ||

33. Pangkur

1. hèh yayi Prabu Sugriwa | iki wiwit ngidak Ngalêngka bumi | sun kèndêl sêmadi nêkung | matak puji sêsinggah | sang hyang bumi kang sun pinta lilanipun | angancik bumining mêngsah | sigra wong agung lumaris ||

2. tan adangu ajêngira | amrih ênggon pêpundhung kang aminggir | wontên witing mandira gung | satêpining bêbulak | samya lênggah sarwi mulat lampahipun | untabing bala wanara | bêbulak wus tan kaèksi ||

3. kèbêkan bala wanara | kang lumampah gêbèl atap apipit | datanpa sêla asêlur | timbun atumpa-tumpa | tanpa watês tinon ing wêwatêsipun | wong agung suka tumingal | mulat nganan miwah ngering ||

--- 270 ---

4. ing wuri tuwin ing ngarsa | kang bêbulak sumilak doh kaèksi | kèbêkan ing wre lêlaku | balêmbêm alang-alang | kalamênta garinting wus ajur mumur | kambah wanara kèh dahat | luluh ludhês dadya siti ||

5. pirang-pirang kang bêbulak | isi sirna rêsik kadya binêsik | ngandika sang among gandrung | yayi Prabu Sugriwa | kang bala wre sun dulu kèh wuwuhipun | duk sira nèng Maliawan | sun tingali kèh puniki ||

6. umatur Prabu Sugriwa | inggih gusti apan atikêl kalih | kêrigan dening anglurug | kang bala wre sadaya | inggih datan wontên kang purun akantun | suka pêjah ingayahan | ing karya paduka gusti ||

7. wong agung mèsêm ing driya | Sri Bathara Rama mangsah sêmadi | kukusing dupa kumêlun | angayuh Ngendraloka | pratisthaning puja ngawiyat gumuruh | midit kang maruta mănda | sagung wre kang pra dipati ||

8. muriring gêgithokira | asrêp kasrambahan maruta angin |

--- 271 ---

prabawaning gustinipun | gumludhug bumi molah | kadya atur sasmita sumangganipun | wong agung sakarsanira | pun bumi milya ngastuti ||

9. dyan luwaring puja budhal | kumarutug ginarbêg pra dipati | kapirangu gandrung-gandrung | mulat gunging wanara | tyas kagagas dadya têmah gandrung-gandrung | ing karya wingiting karya | putri adi ing Mantili ||

10. wungu tyasing kapandhitan | nutuh tiwasing rèh badan pribadi | asmarèng tyas gandrung-gandrung | sru nayaning wardaya | ing satindak lampahira gandrung-gandrung | gandrunge nutuh sarira | karya ngèle wong sabumi ||

11. anggung mulat ngering nganan | wuri ngarsa orêg kang bumi-bumi | mangu-mangu gandrung-gandrung | ketang Suksma Kawêkas | kanugrahaning asmara gandrung-gandrung | hèh yayi Prabu Sugriwa | kapantèke bala iki ||

12. wanara kang murwèng lampah | ingsun dulu misih dhêdhêt ing wuri | Sugriwa nêmbah umatur | gusti praptèng sawulan | kadya dèrèng têlas wadya wre lumaku |

--- 272 ---

manawi ing kalih wulan | ing wuri ngarang-arangi ||

13. têkane margi punika | kadi wontên sawulan nganan ngering | jêjêling wanara timbun | kathah tan antuk marga | apan kathah ing wuri samya kêkuwu | ngêntosi lêganing ngarsa | wong agung ngandika aris ||

14. bêcik yayi amataha | pra dipati kang migênani wuri | Sugriwa nêmbah umatur | inggih sampun sakawan | pun Kêrdana Druwenda kawula tuduh | ngalajêri wre ing wuntat | pun Bimamuka Sêmpati ||

15. ing ngarsa inggih sakawan | pun SusenaWinata sura sêkti | Danurdara Endrajanu | wiracatur manggala | nyatus yuta kala wre pêpangkonipun | tur wre sami pêpilihan | lampahe pan sampun têbih ||

16. dèrèng wontên tur uninga | kadi datan wontên sangsayèngmargi | samadya căndra pukulun | goning panganjuring prang | arsèng driya sang asmara gandrung-gandrung | yayi sapa mungsuhira | yèn sira ngadoni jurit ||

--- 273 ---

17. sayêkti jayèng triloka | nanging poma yayi ing tyas dèn eling | sêsikuning bathara gung | wong ngadoni jayèngprang | bala iku anut pambêganing ratu | yèn ratu ambêge arda | balane tiwas ing jurit ||

18. yèn ratune wruh ing tingkah | pan sumendhe ing Sang Hyang Otipati | tan arda balane unggul | akèh rupaning arda | ana gêdhe ana cilik arda iku | kitir gêgêdhening arda | angrusak barang pakarti ||

19. dene arda lit winarna | barang tingkah kang nêdya nglêluwihi | iku arda aranipun | sanadyan kalangênan | yèn kaliwat karêm ing antaranipun | yèn tan eling dadi arda | tan rusak nanging gêgêmpil ||

20. darajading kawibawan | ngatêr-atêr ing rèh amangun jurit | apan solahing prang pupuh | ngilangna tyas was-uwas | apunagi kalah sirna mênang ngukup | madhêpa karsaning titah | ing Bathara Otipati ||

21. asor ungguling

--- 274 ---

ayuda | apan dudu yayi saking sirèki | karsaning bathara luhung | aywa ngandêlkên bala | kang wanara ngêbêki jagad sawêgung | dumèh wre maha saktiman | poma dèn awas ing batin ||

22. anuhun Prabu Sugriwa | kadi botên kang sawab sang siniwi | kapusthi ing siyang dalu | ing rèh sêsikuning tyas | sukèng driya sang asmara gandrung-gandrung | kagyat gumuruh ing ngarsa | Danurdara wadyanèki ||

23. anyêkêl ditya sakawan | ditya iku mêntas mamăngsa gênjik | wusnya kêpati aturu | kang nèng gowoking bêndha | kawênangan dening wanara pinikut | katur maring prabunira | Sugriwa ngandika aris ||

24. lah ta iku buta apa | apa buta desa miwah priyayi | katur lamun buta dhusun | rêngu Prabu Sugriwa | gawe apa buta lêlêthêk pinikut | sanadyan buta nagara | jêr durung karuan iki ||

25. besuk yèn praptèng Ngalêngka | Si Rawana tobat nututi bêcik | nêmbah ing

--- 275 ---

narendraningsun | sayêkti wurung aprang | lah warahên Danurdara Indrajanu | Si Susena Si Winata | aja salah gawe margi ||

26. wong agung suka miyarsa | ing solahe Prabu Sugriwa aris | ing rèh utama wus putus | patitising wêweka | limpat pasang graitanirambêk luhur | wong agung tyasnya marwata | nugraha Hyang Otipati ||

27. Bathara Suksma Kawêkas | kang aparing kanthi kang wus utami | abipraya wus biyantu | sigra lajêng lampahnya | ing samarga apan tansah gandrung-gandrung | gandrunge kaciptèng driya | kusuma putri Mantili ||

28. kagagas ngunguning driya | dene putri ingugung rama kalih | sun gawa anusup-nusup | wusana nêmu papa | sumpêg ing tyas arawat luh gandrung-gandrung | nahan kang andon turida | kang ngirit bala gung manis ||

34. Dhandhanggula

1. kunêng wau kang lagya lumaris | kang amangku ing bala wanara | ya ta winursita dene [de...]

--- 276 ---

[...ne] | Sang Dasamuka Prabu | sawusira pura kabêsmi | dening palwaga seta | sungkawa kalangkung | munggèng têtarub wangunan | lan sang ari Wibisana matur aris | dhuh kaka buminata ||

2. paran têmahing karsa kaka ji | langkung sandeya ing tyas kawula | ing suralaya yêktine | lami gènira suwung | bathara kang prajurit sêpi | Wisnu mring madyapada | milane pukulun | yèn Wisnu sampun manjanma | sampun-sampun ing tingkah rèh kang tan yukti | mila atur kawula ||

3. yèn suwawi putri ing Mantili | antukêna ing wana dèn enggal | sampun taasalah gawe | kawula sampun antuk | ing pawarti yèn Dasarati | susila ambêksanta | tyas purnama wiku | sayêkti luhur kewala | prabawane yèn satriya tyase wêning | rahayu parikrama ||

4. botên eca minêngsah ing jurit | mumpung ing mangke dèrèng kabangan | tinututan ing pênêde | kadi-kadi pukulun | botên kongsi

--- 277 ---

dhatêng ing jurit | dene datan tinampan | yèn sêdyaa iku | rinêbut kalawan aprang | dede saking paduka ingkang awiwit | yêkti saking punika ||

5. datan awrat tinawan ing jurit | Dasamuka ambêkuh kewala | nora ngladèni ature | kang rayi nulya mundur | nêdya wadul ibunirèki | nadyan benjing wangsula | lan wêlinging ibu | kunêng malih winursita | lampahira Prabu Ramawijayèki | lan sagung kapi bala ||

6. pan arêmbên dènira lumaris | ngeca-eca dènira mong bala | tan rêkasa satitahe | pan tansah gandrung-gandrung | lamun dalu rêrêp wanadri | enjinge nulya budhal | sarwi gandrung-gandrung | wus alami anèng marga | ingkang para manggala kapat bupati | praptèng wukir Maendra ||

7. samya kèndêl wus notog jaladri | sampun têlas margine dharatan | gumuruh ingkang bala wre | dènnya non samodra gung | ciptanira sasat wus prapti | nagari ing Ngalêngka [Nga...]

--- 278 ---

[...lêngka] | mèh paguting pupuh | busêkan isining arga | ing Maendra sato mawur manuk gusis | ngisis angungsi wana ||

8. para manggala kapat bupati | pagunêman Susena utusan | turuninga ing prabune | caraka mêsat sampun | tan winuwus lampahing margi | wus praptèng ngarsanira | duta nêmbah matur | yèn wadya panganjur prapta | ing Maendra sampun anotog jaladri | têlas margi dharatan ||

9. Prabu Sugriwa ngandika aris | hèh caraka balia waraha | Si Susena sakancane | aja ana kang laju | ing Maendra mandhêga dhingin | karyaa pasanggrahan | myang têtarub agung | caraka tur sêmbah mêsat | Narapati Sugriwa matur wotsari | mring Sang Ramawijaya ||

10. dhuh pukulun panganjur wus prapti | ing Maendra rangkahing Ngalêngka | sampun têlas dharatane | mèsêm sang among gandrung | nulya samya mangkat aririh | saking soring angsana [angsa...]

--- 279 ---

[...na] | sarwi gandrung-gandrung | mungkab nayaning wardaya | riris aris angrampas gandaning sari | yayah anamudana ||

11. tan cinatur laminirèng margi | duk samana mèh cêlak Maendra | miyarsa alun swarane | angot asmara gandrung | ombak ingkang anêmpuh wuri | nanduki swaranira | mring sang among gandrung | wau dutane Susena | sampun prapta dhawuh timbalanirèki | Mahaprabu Sugirwa ||

12. wira Susena umatag aglis | maring bala samya nambutkarya | gumuruh ingkang bala wre | karya têtarup agung | sêsaosan risang siniwi | tan têbah lan samodra | angongkanggènipun | sampurna tarub wangunan | kang bala wre dalêdêg kang masih prapti | jêjêl atumpa-tumpa ||

13. wau lampahe wong agung katri | sangsaya cêlak lawan samodra | samodra akèh swarane | kumêsar gandrung-gandrung | pan wong agung angoting wingit | pêrih rasaning driya | tansah [ta...]

--- 280 ---

[...nsah] gandrung-gandrung | dene wus cêlak Ngalêngka | kapirangu angrês rongèh tyase jurit | keron rèh murwèng laga ||

14. gêrah măndra swarane nanduki | pan gumèndhêl tibèng karnasula | anrus praptèng wardayane | risang asmara gandrung | kapirangu mandhêg anolih | asmara munggèng netra | dadya gandrung-gandrung | sêlèt erawati ngakak | yayah kadi guyone sang among wingit | luwara tyas wiyoga ||

15. ing sapta ri antaranirèki | praptanira dutane Susena | wau wong agung lampahe | satindak gandrung-gandrung | kapirangu rèh walangati | wirangrong karungrungan | tansah gandrung-gandrung | Anoman matur tursêmbah | pan ing mangke Ngalêngka katingal gusti | saking wukir Maendra ||

16. lamat-lamat jro pura kaèksi | paprênahan sagung wêwangunan | mancorong witana mase | mèsêm sang among gandrung | sasmitane Radèn Maruti | inglampah pan wus cêlak | pijêr [pi...]

--- 281 ---

[...jêr] gandrung-gandrung | wong agung sêngkut lampahnya | dadya mèsêm sagung wre kang pra dipati | muji Risang Anoman ||

17. dènnya atur sasmita ing gusti | dene wanine anuju prana | rêspati adumanise | mantun agandrung-gandrung | pananduke Radèn Maruti | mèsêm Prabu Sugriwa | sasmita andulu | mring Radèn Sumitratmaja | samya mèsêm asêngkut dènnya lumaris | praptèng wukir Maendra ||

18. pan gumuruh bala wre ngêbêki | wanara kang wus lami praptanya | ajêjêl tarap agêbèl | sangajênging têtarub | tumpa-tumpa bêntêt matitip | saos anamudana | ing gustine rawuh | punggawane anèng ngarsa | wanara lit sirah samya mèpèt siti | buntute congat-congat ||

19. suka mèsêm dènira ningali | Sri Mahaprabu Ramawijaya | wanara bêkti solahe | sampun manjing têtarub | wau sira wong agung katri | Sugriwa Sudarsana | kang tumut lumêbu | munggèng [mung...]

--- 282 ---

[...gèng] têtarub wangunan | Narapati Sugriwa caos ngaturi | lênggah palăngka rêtna ||

20. aglar sagung wanara dipati | wanara lit tata pamondhokan | anyaosi punggawane | swaranira gumuruh | ing sajuru-jurunirèki | tan ana kawoworan | dènira kêkuwu | wanara kang lagya prapta | samya tanya-tinanya kuwunirèki | ing sagolonganira ||

21. gunung agêng mèru padhanya sri | kèh wowohan têpining samodra | kèbêkan dening bala wre | samyayêm solahipun | dene kathah wowohan adi | gunung iku tan ana | ing pêpadhanipun | gêngnya kathah kang tumimbang | mung luhure sajagad tan ana sami | kadya wukir Maendra ||

22. gunung iku pan tuguning bumi | mênèk jagad kaleban samodra | marma Maendra isthane | kadya ngambêngi ranu | lir dhêpaning bumi lan langit | pucak praptèng awiyat | ring langit mèh sundhul | asrine isining arga |

--- 283 ---

ing Maendra sabarang sining swarga di | wukir Maendra ana ||

23. sato-sato manuk-manuk sami | sela talanya nila pakaja | jumêrut mirah widure | miwah kang manuk-manuk | akèh manuk kang basa janmi | di-adi wowohannya | prasamnya tumêlung | akèh prapta ing dharatan | Risang Ramawijaya mêng-amêng wukir | lawan Pawanasuta ||

24. binêkta minggah dhatêng Maruti | yayah mangayuh mèh ing awiyat | ing Ngalêngka katon kabèh | Anoman sigra nuduh | ing Ngalêngka sajroning puri | prênahe taman arga- | soka pan kadulu | wêwêngkon sajroning pura | goning wana kêbone kang bilik-bilik | paprênahan katingal ||

25. wusnya têtela Ngalêngka puri | ing ênggone narendra dayita | sigra têdhak sapraptane | têtêp dènnya kêkuwu | langkung asri langêning wukir | myang langêning samodra | kadya sugun-sugun | marang wong agung kang prapta | saha bala kang badhe ngadoni jurit [juri...]

--- 284 ---

[...t] | mrawasèng satru murka ||

26. kêmbang-kêmbang kang munggèng ing wukir | kataman ingkang maruta manda | kadya mangirit gandane | lumarèng arum-arum | mring pakuwonira ngênani | Risang Ramawijaya | myang sawadyanipun | minasajroning udaya | bayak-bayak lir namudana sêmadi | mring sang among turida ||

27. lalu diwasa diwangkara tis | mangun saarjaning mandakara | gumawang anawang dene | mina pating kacêbur | ombak mêndhak amêmadhani | tranggana bra kawuryan | jroning we kadulu | isthane anamudana | hèh wong agung lipura wingitirèki | age mriha jayèng prang ||

28. Prabu Ramawijaya mulating | langêning wukir lawan samodra | marêrêm ayêm driyane | singa ingkang kadulu | ing Maendra nuwuki kapti | tumon sukaning bala | wanara tumimbun | anggendhong kalung wowohan | anyênyangking angindhit wre jati mosil | mukti isining arga ||

29. ngundhung-undhung pakuwone

--- 285 ---

sami | sêsaosane bupatinira | wanara lit ngambilake | kusung-kusung mangusung | timbun tambah wowohan adi | suka marêmpak-rêmpak | marêmpak woh agung | Narpati Ramawijaya | suka mulat bala wre sadaya sami | nugrahaning jawata ||

30. datan ana kang kirang sawiji | isining swarga pêpak sadaya | wus anèng Maendra kabèh | nguni wukir puniku | kèh wowohan rada ginaib | mangkya sapraptanira | Ramawijaya wus | babar katingal sadaya | marma langkung panguningèng bathara di | Narpati Ramabadra ||

31. dadya suka wadya wre prasami | amêng-amêng têpining samodra | lawan ing wukir asrine | tutug sasolahipun | wre pinuji sudirèng bumi | kunêng kang amrih eca- | ning wadya kêkuwu | wuwusên nagri Ngalêngka | ingkang samya miyarsa praptanirèki | Risang Ramawijaya ||

32. nèng Maendra ngirit bala kapi | wre prawira datanpa wilangan | kagiri-giri bawane [bawa...]

--- 286 ---

[...ne] | ratuning wre angratu | Sugriwambêg mramugarèni | ngadoni pancasing nrang | Ngalêngka tinanduk | nêdya rêrêmponing yuda | mila orêg ditya kang măncanagari | tuwin buta tampingan ||

33. prapta lawan sagêgaman jurit | tugur sadaya anèng Ngalêngka | mangkana dina Somane | aglar danawa diyu | wil rêksasa ditya rasêksi | sagunging kang prawira | bupati gung-agung | andêl-andêling Ngalêngka | liya saking Prahastha Rêkyana Patih | gêgêdhuging punggawa ||

34. samya darbe wêwêngkon nagari | prajuritira kêthèn ayutan | punggawa siji-sijine | sarta bupati sêpuh | kang sumosor ing kyana patih | Prajăngga lan Pragănggsa | Mintragna pinunjul | Dumrêksa Wilohitaksa | Maodara Kampana samya prajurit | iya putra santana ||

35. arinira Prabu Rawanèki | nênggih sira Arya Kumbakarna | jagad tan ana imbange | tuhu yèn gêng aluhur [a...]

--- 287 ---

[...luhur] | angganira prasasat wukir | prabata Maliawan | prakosa ditya nung | nadyan dewa suralaya | wus kasoran lan Kumbakarna ajurit | sumbaga goraning rat ||

36. lawan ari Wibisana nênggih | konang-onang ambêg pinandhita | mahardikèng rat yêktine | manik pasthika mêrdu | ring gunawan putusing niti | prawira ing aguna | wirutamèng pupuh | digdaya ngadoni ing prang | sugih bala rêksasa prawirèng jurit | tuwin kang para putra ||

37. pan sadaya sami sura sêkti | Radèn Trikaya Radèn Trisirah | Dewantaka lan malihe | putra kêkasihipun | saking Tari Radèn Indrajit | iya Sang Meganănda | digdaya prang putus | myang putrane Kumbakarna | kasih Radyan Aswanikumba lan malih | ran Radyan Kumba-kumba ||

38. miwah ingkang ditya para mantri | ditya urakan tanpa wilangan | ting paringis rêngès rèngès | gandarwo ilu-ilu | sawarnine lêthêking bumi | kumpulanèng [kumpu...]

--- 288 ---

[...lanèng] Ngalêngka | marmane andarung | Dasamuka durtaningrat | duk samana Rawana nêdhêng tinangkil | umèb buta kang seta ||

39. awurahan lurung-lurung sami | pra dipati kang kantun akathah | punggawa supacarane | miwah tungganganipun | wênèh kuda andaka èsthi | lawanging panangkilan | atembak supênuh | wadyaning wil pra dipatya | kuda akrah myang andaka miwah èsthi | pirang papan kèbêkan ||

40. ana bupati nitih rata sri | tuwin punggawa wagêding kuda | pinandêng bae tutute | kang kêras pangrapipun | kadya kilat pan kadya angin | wênèh kang acangkrama | saking swarga luhur | praptane lajêng sewaka | saantuke mamèt wowohan swarga di | pinangan ing paseban ||

41. lir samodra rob datanpa têpi | panangkilan Ngalêngka puraya | dinulu kuciwa dene | padhang ingkang kêdhatun | ngênthak-ênthakannya kabêsmi | kadya tanpabarisan | kumpule [kumpu...]

--- 289 ---

[...le] ditya gung | mung pagêr bumi kewala | pratandhane wangunaning kênyapuri | mung katon sotyasmara ||

35. Asmaradana

1. paseban kadya jêladri | korine kadya muara | wadya kang seba banyune | dalêdêg mili tan kêndhat | Kyana Patih Prahastha | andhingini wus adangu | wau ta Sri Dasamuka ||

2. mijil saking pura linggih | munggèng singangsana rêtna | orêk lir tasik ombake | sagung kang para prawira | sang prabu wusnya lênggah | muni têtêg nêmbah maju | sagung bupati kang seba ||

3. atarap alapis-lapis | undha-usuking punggawa | miwah satriya mantrine | wus tumrap nora sumêla | pangkat-pangkating wadya | supênuh ngarsa sang prabu | mung sang ari Wibisana ||

4. kang dèrèng prapta anangkil | mila kantun sang nararya | mampir sowan ing ibune | lan anggung sêmadinira | karya êninging cipta | myang ulat mêmanis mêrdu | ngumala manik pasthika ||

5. tumamèng dalêm [da...]

--- 290 ---

[...lêm] bunèki | Sang Gunawan Wibisana | kang ibu gupuh angawe | trustha dènira umiyat | praptane putranira | dènnyarsa sumiwèng prabu | kèndêl nêmbah ibunira ||

6. kang putra rinangkul aglis | dhuh putrèngong Wibisana | mung sira woding tyasingong | tur sumbaga kasihing rat | ingsun iki kalintang | sêdhih sungkawa andulu | ing polahe kakangira ||

7. dene nora mêmarèni | agawe rudahing jagad | iya kulup kaya priye | yèn anggunga mangkenea | solahe kakangira | rêntêng ingkang buwanèku | prasasat kêna ing wisa ||

8. hèh putraningsun dèn aglis | gendholana kakangira | Si Rawana panggawene | sira kang asihèng jagad | lah iku mêmungsuhan | lan Sri Ramawijayèku | kulup sira mambêngana ||

9. konên anêmbah dèn aglis | Dèwi Sinta dèn aturna | parêng sebaa dèn age | aja kongsi karusakan | karyaa sukaning rat | poma

--- 291 ---

ywa têmahan satru | Wong Agung Ramawijaya ||

10. hèh kulup pangrasa mami | yèn sidaa mêmungsuhan | kalawan wong agung kuwe | wus kêrasa ing tyas ingwang | patine kakangira | kang ibu sarwi angadhuh | dhuh dewa nora kayaa ||

11. kang dadi pangrasa mami | ing apêse kakangira | dene katon dalajade | dutane Wong Agung Rama | mung siji tur wanara | pinrih patine kinrubut | mring danawa pira-pira ||

12. parandene nora mati | kinêmbulan sanagara | malah angobong kadhaton | lawan taman argasoka | yèku ing kuna-kuna | eyangmu buyut canggahmu | pan durung kalakon rusak ||

13. lêluhurmu dhihin-dhihin | pasêmadine mêmuja | pan iya ing taman kono | angkêre kêliwat-liwat | mêngko têkadèn rusak | kêkayone kabèh gêmpur | ludhês têmah ara-ara ||

14. mung gêdhone bae kari | lan rêksasa akèh pêjah | kang padha digdayèng [di...]

--- 292 ---

[...gdayèng] têmbe | iku kang dadi pratăndha | kapindhone nak ingwang | sun tuturi sira kulup | Wong Agung Ramawijaya ||

15. sasat Hyang Maèswara di | bathara angejawantah | miwah kulup lêlewane | iku wus praptèng Maendra | ngirit bala wanara | lakune nora kasusu | ayême simpên utama ||

16. lawan kakangira dhihin | anggung anyêngkalak dewa | yêkti ana wêwalêse | ewamangkono ta iya | yèn dhangan kakangira | seba mring wong agung iku | Ramawijaya kuwawa ||

17. ngaubi kakangirèki | dursilane kuna-kuna | mulane babo dèn age | tobata mring Ragutama | ngulihna Dèwi Sinta | yèn ora mangkono kulup | adhuh-adhuh wis kêrasa ||

18. patine kakangirèki | kêna madyaning ranangga | mulane dèn bisa kowe | mêmalangi kakangira | wêruhna ing acara | kasujanan aja tungkul | poma kulup wis nangkila ||

19. manawa suwe

--- 293 ---

dèn anti | kulup marang kakangira | miwah kang anangkil kabèh | padha anganti mring sira | sigra wau Sang Arya | Wibisana nêmbah mundur | sing ngarsane ibunira ||

20. lampah kasujanan yêkti | winuri ring Wibisana | wajib bêkti ing ibune | langkung sukanirèng driya | Gunawan Wibisana | dene tan kongsi wêwadul | ibune sêlak ngandika ||

21. tur mitungkas wanti-wanti | pinrih pitutur mring kaka | dadya ana paitane | wanine ring kadang tuwa | rêbut bênêring tingkah | abăndha wêkasing ibu | lampahe praptèng pasowan ||

22. wus siji tan ana kari | sakathahe kang sewaka | Wibisana kari dhewe | tumamèng byantaranira | sigra nêmbah ring kaka | ingawe nêmbah wus maju | mungging ngarsaning palăngka ||

23. kawuri kang pra dipati | tuwin Apatih Prahastha | Wibisana ngarsa dhewe | acakêt lawan amparan | wusnya sang ari prapta | Dasamuka ngandika sru | marang sagung pra dipatya [di...]

--- 294 ---

[...patya] ||

24. hèh sagunge pra dipati | kang padha sura jayèng prang | dhingin-dhingin malah mêngko | kuwate nagri Ngalêngka | kinèring parangmuka | kêtêr kabèh mungsuhipun | yèku awit saka sira ||

25. dene padha sura sêkti | nimpuna ing kawijayan | budiman ing niti kabèh | wisesa saliring sadya | barang kang sun karsakna | sadaya saking sirèku | tan ana winacak driya ||

26. jawata kasor ing mami | tan ana kang malang-malang | mêngko ana kang maido | anyampah prawiraningwang | iku Si Ragutama | nyêmpaluki sudiramu | mêngko wus praptèng Maendra ||

27. angirit bala wre sami | barise anèng Maendra | mèh prapta ngrabasèng kene | anutugagên suranya | patine Tathakakya | Si Karadusana lampus | ana ing wukir Dhandhaka ||

28. tanpa dosa dèn patèni | Si Wiradha Si Trisirah | malah iya mitraningong | wanara Bali palastra | dhustha Si

--- 295 ---

Ragusuta | liwat andarung kumlungkung | Dasamuka wusnya mojar ||

29. madêg sagung pra dipati | rêksasa masinga nabda | sêdhèt angunus tuwêke | analimpung myang nanggala | parasu gandhi kunta | pating galedrah gumuruh | sêsumbar angajab lawan ||

30. dhuh gustiku sri bupati | apa gawene dèn rasa | mungsuh kang kaya mangkono | munyuk monyèt saba alas | abdine titir tatal | anyêngkalak para ratu | tate analikung dewa ||

31. ana umbul gadanèki | miwah kang siring badhama | adhuh gusti buh rinaos | mungsuh manungsa tur nistha | dama tan duwe băndha | sasat kuwat godhong lumbu | amungsuh Ramawijaya ||

32. tanpa gawe dadi pikir | munyuk datanpa gêgaman | angèl ngrêmêt godhong kelor | suwe anjêjêk sêmăngka | suwe ambacok gêdhang | suwe wong amamah waluh | nyunyur mumur gonyèh rênyah ||

33. samăngsa nyabranga benjing | mungsuh [mung...]

--- 296 ---

[...suh] Si Rama Lêksmana | inggih kawula tumpêse | ludhês anèng tangan ingwang | datan găndra punapa | akathah sêsumbaripun | sagung kang para prawira ||

34. ana anggêro anjungkir | amutêr kartalanira | dhuh prabuku pindho gawe | swarga putêrên ing dharat | dharatan unggahêna | sayêkti dados pukulun | sintên kang malang-malanga ||

35. pating galêmbor ngajrihi | mintonakên solahira | dènnya mrawasèng mungsuhe | wuh nadyan Hyang Wisrawana | tuwan săngga nèng asta | tanpa sesanta pukulun | tur kuwat kadang taruna ||

36. Sinom

1. angling Arya Wibisana | mring sagunge pra dipati | mêngko-mêngko dèn atata | sakèhe kang pra dipati | gampang wong gêdhag-gêdhig | ing ngarsane kaka prabu | sira tinari padha | prayogane laku iki | nora angèl atari wong kêkêrêngan ||

2. nanging bênêr saking sira | rèhningwèng[3] padha angabdi | sayêkti [sayê...]

--- 297 ---

[...kti] angarsa-arsa | ing karya dadining jurit | sêtya kalawan pati | mung walêse mring sang ulun | nanging aja na sigra | barang pakaryan dèn eling | dene nguni ana dutane Rêgawa ||

3. mung siji ngamuk nèng taman | kinêmbulan ing rasêksi | pira-pira kaprawasa | dutane nora ngêmasi | katuju Si Indrajit | amanah nagapasa wus | kênane kang caraka | kalingane Si Indrajit | datan ana bupati mawur kewala ||

4. apan iki kang kinarsan | ing kaka jêng narapati | prayitna kang winiweka | kaprawiran kramèng niti | nadyan têmahan jurit | yèn budi yitna wus putus | aja pijêr angkara | gumunggung sêkti pribadi | apan akèh iya titahing jawata ||

5. nora Ngalêngka kewala | kang padha sinèrèn sêkti | nadyan saliyane ana | mila wineweka yêkti | tuluse jayèng mami | lawan apêse kang mungsuh | iku kang dadi rasa | pinrayitnan kang

--- 298 ---

abêcik | ewuhaya ing mungsuh aywa gêgampang ||

6. têtêping rahayuning prang | kasudiran anèng wuri | prakara kang dadi rasa | rinasanan kang patitis | purwane dadi jurit | sapa bênêr sapa luput | ing kono pan katara | asor ungguling ajurit | wêwinihe prakara aja tinilar ||

7. apan ana kuna-kuna | pratingkah ingkang kawuri | wong agung ngadoni laga | kang apês unggul pinanggih | iya lawan piranti | prakara pratingkah saru | lan rahayu kawruhan | winawas saking sêmadi | samya sirêp sagung bupati kang myarsa ||

8. marma na mrih animpuna | tindake ngupaya sandi | pamoring karti sampeka | kinawruhan aja lali | lawan traping pakolih | unggul asor mrih tinêmu | têtêping karaharjan | anut ing bênêr lan sisip | lamun sisip purwaning soring wasana ||

9. yèn bênêr unggul wasana | ywa dumèh sira gêng inggil | iku buwang kaprayitnan [ka...]

--- 299 ---

[...prayitnan] | luput ngandêlakên dhiri | wanara iku cilik | kinêpêla bae kolu | mung dadi sauntalan | mulane Wikathaksini | nguntal kêthèk tan kolu gulune suwak ||

10. balik dandananing mêngsah | lawan anggêpe wadyèki | miwah akèhing prawira | sawang-sawunging ajurit | lawan kang dadi kanthi | pangulah kasap lan lêmbut | măngka juruning gêlar | pangrèh aju undurnèki | ing ayuda kalah tata mênang tata ||

11. Sri Mahaprabu Ngalêngka | pangandikanira aris | mring sang ari Wibisana | lah kayaparan sirèki | mungsuh iki nêkani | nèng Maendra akêkuwu | tuhu lamun sikara | Rêgawa mring bala mami | ya mulane dayintane ingsun dhustha ||

12. matur ari Wibisana | mring raka prabu wotsari | pukulun sri maharaja | kang sèstu nataning bumi | mugi têtêpa bêkti | kawula ing kadang sêpuh | pasthi tan kêna owah | lawan jênênging narpati | ingkang pasthi langkung saking kadang

--- 300 ---

tuwa ||

13. pan inggih atur kawula | mung têtêp paduka aji | rumatu-ratu Ngalêngka | siniwi wadya rasêksi | myang kadang warga sami | tulusa rahayunipun | miwah ibu lan eyang | ecaa angadhêp sami | sampun kongsi ngalèpèti kasusahan ||

14. sampun kongsi mangun yuda | lan Wong Agung Dasarati | Dèwi Sinta aturêna | tan liyan punika nênggih | rumiyin malah mangkin | kawula wus darbe atur | sampun nêdyamêngsahan | manah kawula dewaji | tan sakeca mêngsaha Ramawijaya ||

15. dene ta Si Ragutama | ambêg tyas pasthikamanik | munggule ing kasujanan | tan mèngèng ing sadu budi | lawan kawula inggih | nuwun ing karsa pukulun | punapa pamrih tuwan | amungsuh ing Dasarati | punapa gih amunga èstri kewala ||

16. botên praja miwah rêtna | kang pinrih amangun jurit | langkung sapele punika | rinewang amangun pati | sêdhêng praja ing ngriki [ngri...]

--- 301 ---

[...ki] | tan kirang wanodya ayu | sutaning Batharendra | Dèwi Tari wus karabi | lah punapa ing têmah rêrêmponing prang ||

17. yèn mênggah atur kawula | sampun age magut jurit | yèn botên sampun kawangwang | inggih pakantuking jurit | lan mungsuh wus kaèsthi | bote miwah agalipun | winiweka tranging tyas | upayane dèn matitis | wus kapanggih pakolihe jayèng yuda ||

18. kalawan paduka wawrat | pun Sugriwa sawadyèki | punapa tuhu asiha | mring Ramawijaya pasthi | yèn pun Sugriwa maksih | eling labête kêkaruh | inggih lawan paduka | pan sampun sudara wèdi | mitra nyata ing nguni Bali Sugriwa ||

19. mangkya paduka nyundaka | dèn dhêmit tinari yêkti | anggêpe Prabu Sugriwa | lan Ramawijaya pasthi | paduka mêmanisi | Sugriwa dêdimèn emut | sinungsung sasukanya | pinrih enake sayêkti | ngantukana mêmitra

--- 302 ---

lawan paduka ||

20. lawan inggih pun Anggada | paduka pundhut mariki | tuwan agung kêkintuna | manik rênta pèni-pèni | inggih yèn botên kêni | kados punika pukulun | Sri Bupati Sugriwa | yèn sungkême bayapati | yèn anganggêp tuhu mring Ramawijaya ||

21. tan kenging paduka mêngsah | Ragutama minăngkagni | Sugriwa măngka prahara | murub dening angin-angin | sintên ta kang nangguhi | agni gêng ginawe lesus | muntab mubal wurahan | dahana ngêbêki bumi | paran marga lujênganagri Ngalêngka ||

22. paduka anyambat dewa | dewane samya prihatin | susahe saking paduka | sintên ingkang dèn sambati | malah dewane sami | mring Ramawijaya tulung | apan sukaning dewa | dulu mring wong mêlasasih | ulah puja nêtêpi sêmadinira ||

23. Sugriwambêg pinandhita | milane wruh ing wahini | pasthi sampun tinetesan | rêtna marang Dasarati | Ramawijaya

--- 303 ---

yêkti | dènnya mrih mêmitra tuhu | Sugriwa wruh ing rêtna | dadi labuhbayapati | kaping kalih katumpangan kabêcikan ||

24. ewamakatên sang nata | sarate amangun jurit | sayêkti mênêdi kutha | jurang larèn balowarti | Ngalêngka yèn wus bêcik | pêpagêr sagara gunung | jurang angapurancang | kali ing Suwelagiri | langkung gawat wus piranti kang nagara ||

25. mung cacad kirang dandanan | manungsa kang bauniti | parikrama kang wêweka | kasujanan santa budi | wruh wêkasaning dadi | wruh dadine ala ayu | janma tama sadguna | wruh pasang ingêring jurit | ora angèl akarya ungguling rowang ||

26. akarya apêsinglawan | pakênaning sarjana di | apawitan paramarta | nora niaya ing bumi | ambêg santabudya sih | wêwinih satriya punjul | Rama lawan Sugriwa | mêmitrane adu manis | nunggal praya dènnya mrih kaarjaning rat ||

27. mila kawula acipta | awrat binobot [bino...]

--- 304 ---

[...bot] ing jurit | Wong Agung Ramawijaya | dene sajagad puniki | kathah tuwan alani | prajane kathah karêbut | dadya akèh kang susah | kêdhik kang tuwan bêciki | nuntên mirsa yèn paduka mêmungsuhan ||

28. ingkang sami manggih susah | sayêkti samya jurungi | puja mring Ramawijaya | angajêng-ajêng prasami | unggule ing ajurit | liring wong tinambung laku | tikêl prabawanira | jawata ingkang nêksèni | panjaluke kabèh wong kinaniaya ||

29. tinurut maring bathara | mila ta sri narapati | dewaji ratu kawula | kadang kawula sayêkti | dipun santa ing budi | suwawi seba pukulun | ngaturna Dèwi Sinta | botên kasoran ing batin | dhuh pukulun dewaji jênêng paduka ||

30. malah ta mindhak luhura | ing jênêng paduka aji | winastanan wruh ing rêtna | ing praja kang kanan kering | sampun paduka kibir | dumèh gung danawa diyu | ditya tanpa wilangan | tur sami prawira sêkti | lan mêpêki [mêpê...]

--- 305 ---

[...ki] gêgaman kapraboning prang ||

31. balane Rama Sugriwa | tanpa gêgamaning jurit | kabèh saisining wana | gunung jurang kali-kali | watu kawalan ardi | lan sakèhing kayu-kayu | kabèh dadi gêgaman | satêlase watu ardi | kuku lawan siyunge dadi gêgaman ||

32. kathah-kathah tur kawula | duk prang taman soka nguni | pun duta sintên uninga | yèn ngangge gêgaman jurit | sêmantên wrate nguni | mendah gênêpa têtêlu | duta siji kewala | pinrih ing ngakèh tan kêni | sasolahe sayêkti dadi ngalamat ||

33. Si Bali sêkti kalintang | nora ngèl dènnya matèni | Wong Agung Ramawijaya | linêkasakên dewadi | bathara lan maharsi | sadaya mapulung-pulung | Narapati Sugriwa | pangratune lair batin | apratăndha yèn satuhunya nugraha ||

34. tan wontên pinanggih cipta | myang nayaka winayadi | asore Ramawijaya | amung unggule pinanggih | nagri Ngalêngka [Nga...]

--- 306 ---

[...lêngka] mangkin | tan pinanggih unggulipun | amung sor kang kawangwang | kinon pinêrês ing budi | nora ana drêsanane yèn luhura ||

35. apan untu yèn utama | tinukar kalawan wêsi | apa margane unggula | miwah sinangsayèng gêni | panas api manasi | yèn wêsi kalawan untu | sasăngka lan baskara | yèn pagut asor kang pundi | yêkti dora sora baskara sarkara ||

37. Dhandhanggula

1. jayaning surya kalaning ari | Ramawijaya upama surya | ing Ngalêngka lir wulane | paran marganing unggul | mila nuntên inggih suwawi | sowan mring Ramabadra | yèn lingsêm pukulun | kawula ingandikakna | amrih rapêt pan inggih botên beyani | sumiwèng Ramabadra ||

2. beya tuhu kewala wus dadi | mila-mila sangêt tur kawula | saking gêng ing trêsna bae | ing ratu kadang sêpuh | datan măntra anyênyampahi | ing kasêktèn paduka | mangkana Sang Prabu | Dasamuka

--- 307 ---

langkung ewa | mring kang rayi dènnya sangêt turirèki | ngaturi asebaa ||

3. marang Prabu Ramawijayèki | aywa kongsi mangun jayèng yuda | Dèwi Sinta turna age | mila duka jro kalbu | kawuwusa wau sang kaki | kaki sing ibu nama | Sang Sumali Prabu | buwah prabu ing Ngalêngka | ramaning kang ibu Ni Dèwi Sukèsi | kaprabon sinung wayah ||

4. mangkya nama Bagawan Sumali | ditya santa budi ambêg darma | miyarsa lamun wayahe | mangkya awawan padu | Wibisana lan raka aji | dènnya diya-diniya | Sumali gya rawuh | ngaturan ing singangsana | mring kang wayah ngandika wau Sumali | kaki Prabu Rawana ||

5. bênêr ature arinirèki | yogya pituhunên tan sangsaya | ring Nglêngka têtêp arjane | yèn wangkot sira iku | mring ature arinirèki | rusak praja Ngalêngka | idhêpku tan wurung | marmane sira anuta | iya maring ature arinirèki | Ki Arya Wibisana [Wi...]

--- 308 ---

[...bisana] ||

6. iya dene Ramawijayèki | manungsa siji gêgamanira | pan amung jêmparing bae | ananging yèn tumanduk | sirna balanira ing nguni | aywa kokira-kira | tan bisa prang mabur | kabèh iki kang buwana | pan wus anèng ngastane Sang Dasarati | kabèh rat pramusesa ||

7. nora angèl Ramawijayèki | akaryaa rusaking Ngalêngka | iya pan sakêdhap bae | dandanan batin kumpul | para dewa para maharsi | samya karya upaya | nênggih têgêsipun | sungkawa ring solahira | pinrih rusak Ngalêngka sirnaa dening | Prabu Ramawijaya ||

8. liring pakaryaning bathara di | dening sungkême bala wanara | wirotama ing prang kabèh | lamun kongsia rawuh | ing nagara Sang Dasarati | apa kinarya tambak | yêkti rêmpakrêmpu | mulane ture rinira | lah turutên sebaa sira dèn aglis | ring Sang Ramawijaya ||

9. marmaningsun iya nêmbadani | maring [ma...]

--- [0] ---

[Grafik]

R. Kumbakarna. Patih Prahastha. Bagawan Sumali. R. Wibisana. Prabu Dasamuka.

--- 309 ---

[...ring] ature Si Wibisana | wus akèh ucaping têmbe | kang karungu dening sun | pan Rêgawa ya Wisnumurti | anjanma nèng Ngayudya | Dasaratasunu | apan yêkti Wisnubrata | dadya mangke sawarga prajurit sêpi | wus anèng madyapada ||

10. duk masihe nèng sawarga nguni | Bathara Wisnu mungkasi karya | anata gêgaweane | ing nguni Sang Hyang Guru | ya Si Wêrta namanirèki | mungsuhe Batharendra | digdaya pinunjul | Batharendra gung kasoran | tan tumama binraja miwah sakalir | kapraboning ayuda ||

11. datan ana ingkang miyatani | anggung kuwalahên Batharendra | Hyang Wisnu naguhi age | mati tinampak bau | ana malih ditya linuwih | tan ana pêpadhannya | Mahraja Kasipu | tumpêk triloka tan ana | janaloka digdayanira tan sipi | Sang Sri Kasipu Raja ||

12. kulitipun pan saengga wêsi | balung waja tan ana tumama | gêgamaning aprang kabèh | ditya [di...]

--- 310 ---

[...tya] danawa diyu | gêmpur kabèh miwah maharsi | kinarya lanang jagad | mring Bathara Guru | lami-lami kurang mêngsah | dadya dewa sadaya dèn obrak-abrik | rusaking suralaya ||

13. datan ana tinolih ing bumi | iya saking patagihaning prang | isining dunya wus êntèk | dewa dèn uwus-uwus | widadari dèn dêlajahi | sabên dina dèn rampas | gung dèn arubiru | suralaya apuyêngan | dewa kêkês bathara jawata wingwrin | kabèh angungsi samya ||

14. mring Bathara Wisnu minintansih | ngukuhana mring dewa sadaya | saking pangoyok-oyoke | bêburu Sang Kasipu | Wisnu wêlas dening dèn ungsi | dadya amalih warna | Sri Bathara Wisnu | samana awarni singa | iyarane ngalihajêjuluk nênggih | Bathara Narasima ||

15. tinandangan Kasipu ngêmasi | jajanira cinublês kanaka | datanpa sesa patine | kyating jagad Kasipu | ing patine tan angundhili | lan [la...]

--- 311 ---

[...n] maning tawang ingwang | soring raka dulu | dening bawanira murka | nora nganggo sarjana ulah narpati | sukambêg gora-gadha ||

16. Ramawijaya mungsuhirèki | santa budi tamèng kasujanan | unggula sadhela bae | asor wêkasanipun | wus turutên arinirèki | Dasamuka tan obah | kadya gunung watu | tinêmpuh angin ungkuran | têmah mutung mundur Bagawan Sumali | sigra Sang Kumbakarna ||

17. dangu dènira nitèn-nitèni | prakarane ari Wibisana | ingucap-ucap suwene | sor ungguling prang pupuh | sari-sari ingujar tuwin | mamrih arja kaharjan | wêkasaning laku | laku-lakune rèh tama | utamaning ayuda rihèng narpati | angabêni jayèng prang ||

18. agya wungu saking gène guling | wau sira Arya Kumbakarna | magêgêg anèng ngarsane | Si Dasamuka Prabu | gêrêng-gêrêng bêkuh dènnya ngling | hèh kaka bumiraja | pagene sirèku | tan [ta...]

--- 312 ---

[...n] anut panggawe arja | nadyan anom Si Wibisana undhagi | gunawan mardikèng rat ||

19. durung tumon kang pinrih ing bêcik | mring kadange budi kasujanan | ya ginawe tanpa gawe | pan wicaksana putus | Wibisana wêweka niti | pantês yèn tinuruta | ing satuturipun | nora nistha nora papa | Wibisana wruh ing rèh prabu sayêkti | wênang yèn dèn anggoa ||

20. Sang Widagda ature tinampik | têka nora ana kang dèn ambah | mrih ratu kaluhurane | amung ala ginugu | kang baskara ginawe atis | căndra ginawe panas | apa kang tinêmu | pan ature Wibisana | mung têtêpe karatonira sayêkti | ecaning kadang warga ||

21. awèta mung dèn aub-aubi | atulusa siniwakèng wadya | aywa owah kaprabone | têtêpe mangan nginum | kulup-kulup mêrdu wêwangi | saha bala sagotra | tuwuk-tuwuk wuduk | nora

--- 313 ---

asor amêmitra | lan sasama-samanirèng narapati | pan Arya Wibisana ||

22. solah asor ungguling ajurit | wus kawruhan wênang pitutura | tinurut pasthi arjane | paran ta kaka prabu | krura bae kang dèn kayuni | rahayu kasujanan | tan măntra rinungu | margane nora bojoda | ing Ngalêngka kaka prabu nora apti | laku raharjaning rat ||

23. yèn nuruta pratingkah kang yêkti | kanggo ature Si Wibisana | lah iya ngêndi mungsuhe | yèn liya mungsuh iku | aku bae anuntên jurit | têka mangkruk-mangkruka | bae nèng kadhatun | dèn jênak angenak-enak | yèn mangkene êndi ana narapati | kudu angajak rusak ||

24. dhuh prabuku kakang mungsuh iki | ambêg sujana aparikrama | niscaya tustha èsthine | ing paranira putus | tututana bêcik sayêkti | suka datan runtika | jêr sukèng rahayu | yèn kudu linawan tukar | nora wurung

--- 314 ---

ing Ngalêngka bosah-basih | Dasamuka tan obah ||

25. gèdhèg-gèdhèg basêngut macicil | Kumbakarna wangsul ênggènira | paseban êlêt kêlire | ambruk anulya turu | Wibisana umangsah malih | nêmbah sarwi ngrêrêpa | turira lon arum | kasor kilang munggèng gêlas | dhuh prabuku kadangku tuwa sayêkti | dhaharên tur kawula ||

26. pundi wontên kadi paduka ji | ratu agung abala santana | rinêksèng para kadange | tinunggu eyang ibu | lah ing pundi mêngsah sang aji | liyan Bathara Rama | ing rat kabèh nungkul | Narpati Ramawijaya | lah rêngkuhên tuwanggana gurunadi | tutug sarèh paduka ||

27. solah-solah paduka kang bêcik | nadyan ngêlara rat pramudita | mêmintaa pangèstune | dadi barang sakayun | eman têmên paduka aji | kang karya kasusahan | ing eyang lan ibu | myang kadang-kadang sagotra | kang ingarsa-arsa têtêpe sang aji | langgêngesiniwaka [langgêng...]

--- 315 ---

[...esiniwaka] ||

28. Dasamuka basêngut mabêngis | Wibisana tan arsa mundura | malah angangsêg ature | dhuh kaka prabuningsun | tumulèha asihing dasih | eman praja Ngalêngka | dadi karang tunu | katingal jroning ngalamat | yèn paduka tan arsa ing rèh kang yêkti | rusak bumi Ngalêngka ||

29. sajêg dèrèng kawula ningali | lêbu amêlêk naputi pura | lêmbu akêdhik puhane | bathara baskara gung | akalangan kalangan gêtih | mangkya praja katingal | abang sêmunipun | dhèdhètnya munya raina | gêtêr kêtug andaru kèh tibèng siti | ngatag pralaya têka ||

30. anggung lindhu bumi gonjang-ganjing | banaspati kèh katon raina | anggung prahara gora rèh | mêlêg maring kadhatun | buron alas ngungsi nagari | gumrubyug salang-tunjang | asalah pandulu | Ngalêngka wus katon wana | lan gumuruh sato manjing jroning puri | manuk muni karuna ||

31. wus têtela rusak paduka ji |

--- 316 ---

lamun botên inggih nututana | sumiwèng Prabu Rama ge | sayêkti manggih ayu | datan wontên sangsayèng aji | aturna Dèwi Sinta | dèn enggal pukulun | sira Prabu Dasamuka | sumung-sumung miyarsa aturing rayi | ambêg yuda kênaka ||

 


buntêlên. (kembali)
cinandhak. (kembali)
wong. (kembali)