83. Asmaradana

1. umatur putri Mantili | dhuh batharaningsun uga | mila têmah walangatos | wêjêkên upama dupa | mila ing tyas paduka | kadya dede ta wong agung | pinunjul ing tri bawana ||

2. Narpati Rama lingnya ris | saengga lami ta sira | anèng Mantili prajane | dêstun tan ana was-uwas | nèng yayi Wibisana | miwah yèn Lêksmana sadu | apadene yayi Brata ||

3. tan ana sumêlang kapti | tuwin nèng kapi narendra | putri Mantili wuwuse | paran tan ajrih bathara | punapa tyas tan ana | lingsêma ing bathara gung | sumingkir ing kautaman ||

4. kapati brăngta tan kèksi | hèh ari Truna Lêksmana | tan kandêl sariraningong | amungakarya nêging tyas | sapawlasing manira | mung bumi langit ibuku | kidang sangsam kadang ingwang ||

5. dhuh kabèh tejaning [te...]

--- 613 ---

[...janing] bumi | padha nêksènana ingwang | yèn kudua driyaningong | kumudu arsa upata | hèh surya căndra sira | asumuluasah ingsun | sumêla-sêla ing jagad ||

6. dhuh Bathara Otipati | măngsa kêna kilapana | bêbêndunên salah ingong | wau Kusuma Trijatha | anjrit panangisira | niaya têmên wa prabu | amisalah tanpa salah ||

7. aku bae kang nanggoni | uwa dèwi durung pisah | sakêdhèp netra lan ingong | wa Prabu Ramawijaya | bok sampun kaniaya | dene jawata piturun | apa ta jawata wuta ||

8. kilaping rêgêd lan rêsik | tan mituhu atur sêtya | uwa dèwi luwih dhewe | sajagad măngsa anaa | sêtyane duwe priya | tan dhahar nginum sataun | datan sare datan siram ||

9. têka tanpandon wa aji | jawata angejawantah | têka mêntah pangèsthine | wa dèwi kapati brăngta | siyang dalu mêmuja | mung dhèwèke

--- 614 ---

pêndêngipun | nglalu gumuling ing kisma ||

10. tan atolih lara pati | lawase anèng Ngalêngka | tan ana ingajap manèh | mung dhèwèke bae iya | cinipta jroning cipta | dèn obonga awak ingsun | nangguhi datan sumêlang ||

11. lir kêna wisa sabumi | wa dèwi subrangtanira | mung cipta dhèwèke bae | mêngko ta praptaning têmah | supaya tan kandêla | ingaran dulêki kalbu | dhuh lae nora kayaa ||

12. pagene mangkono iki | wa Prabu Ramawijaya | apa kalbune binadhog | ing rêksasa panasaran | mulane ya garowah | salin sêtyane garwèku | tan wruh waluya lan salah ||

13. miyarsa mèsêming galih | Wong Agung Ramawijaya | ingundhat ingosog-osog | maring Kusuma Trijatha | suka sajroning driya | atur sakrama-sakramu | Trijatha tan taha-taha ||

14. wong agung osik ing galih | nora kaya yèn bocaha |

--- 615 ---

Trijatha bangêt trêsnane | mantêp duwe wong atuwa | mangkana sambatira | Trijatha sadangunipun | Rêtna Mantili ngandika ||

15. uwis nini aja nangis | tuwas kangelan kewala | apan tan ana wêkase | angur ngulatana wrêksa | ingsun obong kewala | aywa andêdawa wuyung | hèh yayi Truna Lêksmana ||

16. tulungên kayu sun yayi | asiha ing kawlasarsa | Narpati Rama nulyage | angêjèpi Wibisana | sigra angatag wadya | ditya pirang-pirang rawuh | kang samya ngusungi wrêksa ||

17. kang wrêksa king kadya wukir | pirang-pirang pabaratan | sigra dèn sumêt kayune | kumêbul dahana mubal | wau Rêtna Trijatha | mulat ing pawaka murub | muring-muring ing tyas maras ||

18. cacat têmên uwa aji | kongsia manjing pawaka | uwa dèwi kaya priye | punapa ing tyas paduka | murka kadi rêksasa | botên wontên tabêtipun | yèn jawata ngejawantah ||

19. paran tyase [tya...]

--- 616 ---

[...se] uwa aji | têka liwat aniaya | sapa ta pangaubane | isining jagad sadaya | wa aji salah tingkah | amidosa tanpa nganggur | maido sêtya-sumêtya ||

20. dene sêbit rontang-ranting | êndi tandhane jawata | karya wigêna têmahe | garwane luwih prasêtya | têka pinrih rusaka | iya mala-mala naput | apa duskartèng bawana ||

21. sapa kang asih ing bumi | uwa Ji Ramawijaya | salin tingkah tanpa sarèh | iya kakune tyas ingwang | apa ta kêsurupan | Dasamuka yitmanipun | aluse têmah ru-ara ||

22. yèn mêngkono awak mami | apa nora ngabêktia | wong agung ingkang mangkene | wa Prabu Ramawijaya | ratuning siya-siya | niaya ing garwanipun | sêtya susila sinalah ||

23. Trijatha akontrang-kantring | nêngêna sêsambatira | putri Mantili nulyage | mrêpêki dahana mubal | Trijatha kudu milya | putri Mantili sru muwus | nini aywa

--- 617 ---

milu sira ||

24. ingsun wong druhakèng urip | urip kasmala gung papa | sarwi ngawe pawongane | padha sira gujêngana | iku ta gustinira | mangsah êmban inyanipun | ngawêri Rêtna Trijatha ||

25. sakathahe kang ningali | rêksasa miwah wanara | gung alit drês mêtu luhe | putri Mantili sru mojar | gêni sun sêksènana | yèn dhustha mring lakiningsun | panganên sun sirnakêna ||

26. lamun tuhu awak mami | rêksanên iya dahana | sigra pinusthi ciptane | mung Sang Hyang Jagad Pratingkah | sang rêtna kulinglingan | nir ciptanirambêk masuk | jroning kang dahana mubal ||

27. jumêgur swaraning agni | têdhake Bathara Brama | munggèng palăngka wus lunggoh | sarwi ngawe Dèwi Sinta | bage nini kang prapta | putri Mantili matimpuh | munggèng ngarsaning palăngka ||

28. gumêr pangadhuhe sami | kang samya mulat kumêsar | sakêthi ing pangungune | wau ta ing suralaya | gègère apuyêngan [apuyênga...]

--- 618 ---

[...n] | kari mring Bathara Guru | têdhak mring Ngalêngka praja ||

29. kêrigan jawatèng langit | ngiring Hyang Jagad Pratingkah | jawata yutan akêthèn | Hyang Guru munggèng wimana | intên sami binayang | ing widadari gumuruh | praptèng nginggil pasanggrahan ||

30. lir lintang mawut kaèksi | dhêdhêt pêtêng ing awiyat | mung padhang dening gêbyare | busanane para dewa | wanara lan rêksasa | muriringgêgithokipun | ngawiyat kêbak jawata ||

31. kumêsar akêtir-kêtir | tyase wanara lan ditya | durung tumon salawase | kathahe para jawata | têdhak mring madyapada | kang ngiring Bathara Guru | kang para dewa sri nata ||

84. Sinom

1. wau ta Bathara Brama | kang siniwèng jroning gêni | hèh ta sira ratu tama | pagene nangsayèng rabi | putri Mantili suci | pan ora kênèng talutuh | aja salah panyipta | lah iki manjing ing agni | apan kadiapakaja tunjung êmas ||

--- 619 ---

2. kadya ure tanpa una | paran ta sira wus lami | anggadhuh Janakatmaja | apa lali sira iki | lamun jawata yêkti | titahing Bathara Wisnu | apan musthikaning rat | sira rêksakaning bumi | nora kilap ala ayu isining rat ||

3. lah iki ta iba-iba | sira karya walangati | mring Bathara Girinata | iya têmah anêdhaki | kêrig jawatèng langit | angiring-iring tumurun | malah ta bapakira | Dasarata ngampil-ampil | cakêt gone lawan Hyang Jagad Pratingkah ||

4. jinurung ing Batharendra | marma mulyèng sawarga di | sudarmanta Dasarata | sira kang gawe kuwatir | bok kasamaran nênggih | yèn sira Bathara Wisnu | Sinta iku Sri nyata | apa dadak sănggarunggi | tutugêna ing karya rumêksèng jagad ||

5. gumuruh para jawata | ingkang samya anambungi | wuwuse Bathara Brama | winor ing udan wêwangi | nèng pabaratan nginggil | sumyur kumrêsêk lor kidul | wetan [we...]

--- 620 ---

[...tan] kulon kèbêkan | wanara lan ditya sami | kagawokan suka ingudanan kêmbang ||

6. Bathara Suksma Kawêkas | kang kadya gêbyaring sasi | sagung jawata lir lintang | Bathara Rama sira glis | padhang kadya sêmadi | nêmbah mring Bathara Guru | andhêku datan obah | hèh hèh bathara dènnya ngling | aja wancak driyanta Wisnu Bathara ||

7. têtela tan kêna salah | apa karya walangati | pinasthi musthikaning rat | sajodho tinitah suci | rumêksa bumi-bumi | mêmulang ring para ratu | sinung bubuhanira | wus mijil putri Mantili | mulya saking ing pakaja tunjung êmas ||

8. sirêb urubing dahana | wêdale putri Mantili | Bathara Brama wus nunggal | lan Endra Surya Căndrèki | Sambo lan Batharangin | samya sumiwèng Hyang Guru | putri Mantili nulya | wus kinèn sandhinga linggih | lan kang raka dhêku ring Hyang Jagadnata ||

9. wêdale saking dahana | Sang Rajaputri Mantili | wuwuh

--- 621 ---

tejane sumunar | kadya trangganèng wiyati | anglir gêbyaring sasi | tuhu ing jagad pinunjul | kêkidung bumintara | têtêp tan ana kêkalih | Dèwi Sinta musthikaning bumintara ||

10. sukèng tyas Narendra Rama | gênge kang nugraha prapti | myang sagung bala wanara | suka-suka agêng alit | ditya prasamya muji | gung alit suka kêlangkung | sawusnya sinêksenan | mèh prapta antara wêngi | bubar sagung pra jawata pra bathara ||

11. dyan kinanthi astanira | Sang Rajaputri Mantili | mring RagusutaWijaya | Wibisana anyaosi | rata wus minggah sami | narendra lan garwanipun | Lêksmana lan Sugriwa | sinaos rata satunggil | Wibisana ambêkta Radèn Anggada ||

12. sagung wanara prawira | munggèng rata angalihi | samêkta nêtêk têngara | kêndhang gong makêthi-kêthi | sèwu salomprèt muni | budhal buta kang panganjur | gumrêdêg jroning kitha | angrèp wanara ing wuri | kadya

--- 622 ---

guntur wadya gung munggèng jro kitha ||

13. sapraptanira jro kitha | masanggrahan jroning puri | apan sampun sinaosan | mring Wibisana Narpati | kasukanira ngênting | Anoman sigra tinuduh | badhe lumaku duta | marang Ngayudya dhingini | angandika Bathara Ramawijaya ||

14. Anoman sira dhingina | minăngka asulih mami | turutên margèng ngong lama | aja kaliwatan siji | lumakuwèng wiyati | sabên pamondhokan ingsun | padha sirampirana | Maendra saking ing ngriki | nuli ngancik sira gunung Maliawan ||

15. nuli ing Guwa Kiskêndha | sira ampiri nulya glis | ngancik wukir Rêksamuka | padha kang sira ampiri | saturute ing margi | kang kêdalanan maringsun | miwah alas Dhandhaka | miwah sakidule kêdhik | alas rêngkêdduk kawilêt Si Lêksmana ||

16. karangkut sariranira | pupuring wisa mratani | kaliwat kawêlasarsa | iku ampirana nuli |

--- 623 ---

wukir Sutiksna Yogi | saturute gunung-gunung | sapangalore pisan | nuli angambah nagari | apan iku kabèh jajahan Ngayudya ||

17. anuli manggih ta sira | ratu-ratuning kang warih | ing Jahnawi puruhita | toyane irêng awêning | sira adusa bêcik | ing Bangawan Sarwitèku | akèh sawabe uga | Anoman tur sêmbah inggih | wusnya kono sira mèh praptèng nagara ||

18. ana kali têtêrusan | sangkane saking jro puri | iline kuning kewala | mili konyoh gănda sari | para kênya jro puri | kabèh padusane iku | mulane mili gănda | kungkuman puwan prasami | nora suwe nuli manjinga jro pura ||

19. ibuningsun pan têtiga | dene kang madêg narpati | kadang ingsun kang taruna | Si Barata ingkang nami | sira matura nuli | yayi Prabu Ngayudyèku | dene ta lakuningwang | atêmahan mangun jurit | pan wus bêdhah iya nagara Ngalêngka ||

--- 624 ---

20. matura ing yayi Brata | bêdhahe Ngalêngka mangkin | kang sun adêgakên raja | mêngku Ngalêngka nagari | yayi Wibisananèki | dene kondhang ngong prang pupuh | yayi Prabu Sugriwa | milaningsun mênang jurit | prabawane ari Narpati Kiskêndha ||

21. lawan ari Wibisana | anarik mulyaning jurit | iku Anoman matura | yèn ingsun mêtwèng wiyati | Anoman nêmbah pamit | saking ngarsanirèng prabu | wus napak jumantara | ing wuri kasukan sami | ăndrawina nèng sajro pura Ngalêngka ||

22. anêlas dènnya kasukan | dènnya gung bujana ngênting | Narpati Ramawijaya | pangandikanira aris | hèh yayi prabu kalih | lêstarinên tyas rahayu | utamane mêmitra | anglêgakkên tyasirèki | anuruta pamintane mitranira ||

23. yayi sirahing utama | tan lyan angenaki kapti | sira karo ingsun gawa | marang Ngayudya nagari | atêrna laku mami | yèn prapta Ngayudya besuk |

--- 625 ---

limang dina nêm dina | sukur yèn karsa salami | sok uwisa sira karo pêpanggihan ||

24. lawan ibu-ibuningwang | miwah kadang-kadang mami | aringong kang madêg nata | sira katêmua yayi | padha wong anom bêcik | mêmitra padhaning ratu | yayi karo ywa beda | yayi Brata lawan mami | sakathahe darah ngong ya darahira ||

25. lawan besuk kasukana | anèng Ngayudya nagari | mulata kalangênana | apa kang tan anèng ngriki | wau sang prabu kalih | umatur sarwi rawat luh | dhuh paran kang mangkana | lumuh ing tuduh dewaji | pan sayêkti nugraha nglampahi têdah ||

26. sampun mênggah sapunika | nadyan têmpuhên nèng pati | tumbukna prabata waja | lêbura madyaning jurit | wêwaha sèwu malih | kang kadi Rawana Prabu | mênggah dhatêng Ngayudya | kinèn wruh manising manis | angungkurna manising candhana rasa

85. Pangkur

1. mèsêm Sri Bathara Rama | iya

--- 626 ---

yayi ana liringsun malih | ana tirta suci marum | yayi nagri Ngayudya | wus pinasthi iya kuna-kunanipun | Bathara Suksma Kawêkas | Hyang Widi Bathara Oti ||

2. anitah toya nirmala | pikantuke singa kang nginum yayi | sinung suci yuwana gung | adoh panggawe ala | miwah sinung kaprawiraning prang pupuh | kang amargi karaharjan | sinungan unggul sakalir ||

3. tutug saèsthine pêjah | ring Hyang Jagad Pratingkah anjurungi | iku yayi marmanipun | karo kudu sun gawa | lamun sira yayi prabu kalihipun | durung wruh rasa mangkana | mêlanging tyas ingsun yayi ||

4. Prabu Sugriwa turira | miwah Prabu Wibisana wotsari | kawula myarsa pukulun | saking kaki ing kina | tirta suci sumbaga kang kamandhanu | wèh paripurnaning guna | tyas sinasotyèng mêmanis ||

5. ênggone pura Ngayudya | hèr prawita prayogya na sêmadi | katiga sarêng gumuyu |

--- 627 ---

dènnya kalih turira | tinungkulna pun patik tan wande nusul | atadhah duka mêmêksa | dhatêng Ngayudya nagari ||

6. tan wus ucapêning suka | Wibisana sigra dènnya ngundhangi | marang pra dipatinipun | rêksasa patang lêksa | patang kêthi buta mantri ingkang sampun | pinatah pinacak karya | buta wadya tanpa wilis ||

7. wontên kang wimana rêtna | ing Ngalêngka amot wong pitung kêthi | lan kathah wimananipun | kang amot wong salêksa | kalih lêksa tigang lêksa amotipun | kathah jro kitha Ngalêngka | wus samya dèn busanani ||

8. kang sinaosakên ika | titihane badhe mêdal wiyati | wimana gung kang amikul | ditya mantri kewala | pan sakêthi kalih lêksa kang amikul | wimana kang kathah-kathah | sinrahkên Sugriwa sami ||

9. kang amikul sinaosan | buta kuli dene kang buta mantri | anyaosi sang sinuhun | Sang Prabu Wibisana | ngaturakên [nga...]

--- 628 ---

[...turakên] kabèh brana jro kadhatun | Sang Prabu Ramawijaya | pangandikanira aris ||

10. yayi prabu wus tarima | sira gawe paraboting nagari | sabiting tan gawa ingsun | Ngayudya wus akathah | sang kapindra sinarah sakarsanipun | nanging Sugriwa tan arsa | sampun tinarima batin ||

11. sasampunira mangkana | wus samêkta kapraboning lumaris | tan winarna laminipun | kasukan nèng Ngalêngka | enjing nêtêg têngara danawa ngumpul | miwah kang samya siyaga | sakapraboning lumaris ||

12. pinatah kang nunggil lampah | miwah ingkang lênggah ing wimanèki | pra dipati prawira gung | nunggil sang binathara | miwah kang wre pinaro myang pinartêlu | kang tinunggil sawimana | mangkana sagunging baris ||

13. pra dipati ing Ngalêngka | kathah nitih rata munggèng wiyati | kang badhe rumêksa ngayun | kanan kering ing wuntat | wus sumaos wimana saosanipun | buta sakêthi rong lêksa | kang

--- [0] ---

[Grafik]

Dahana murup. Prabu Rama. Dèwi Sinta. R. Lêksmana. Prabu Wibisana. Prabu Sugriwa.

--- 629 ---

mikul sadaya mantri ||

14. miwah Narpati Rêgawa | èstu Danardana nataning bumi | lawan garwanira sampun | minggah wimana rêtna | prabu kalih wus samya minggah ing ngriku | Rêtna Trijatha gènira | nunggil Sang Putri Mantili ||

15. nunggil wong agung katiga | Radèn Truna Widagda Sugriwèki | myang Prabu Wibisanèku | samya kapungkur kanan | Sang Narendra Rama lawan garwanipun | katiga Rêtna Trijatha | munggèng singup mantên wilis ||

16. ring pakaja nawarêtna | sinasotya anguwung manik adi | Anggada ing ngarsa prabu | angampil usap asta | kapi Menda parimbon ampilanipun | iku kang ingaran cêtha | kapi Anila nongsongi ||

17. Anala angampil wadhah | ing pawohan ingkang sampun rinacik | kinalungakên ing gulu | kang amayung Jêmbawan | Sang Susena kêcohan ampilanipun | kang mayungi Wisangkatha | Gawaksa ngampil cêpuri ||

18. kang mayung Găndamadana | Danurdara [Danur...]

--- 630 ---

[...dara] curiga kang dèn ampil | kang amayung Endrajanu | ingkang ngampil rokimas | Sang Kêrdana Puthaksi ingkang amayung | Sêmpati ngampil makutha | Subodhara kang mayungi ||

19. kang ngampil endhong Wraksaba | kang satunggil Drumata ingkang ngampil | Gawahya ingkang amayung | kalawan Bimamuka | pun Kiswari angampil jêmparingipun | ajajar lawan endhong mas | Satabali kang mayungi ||

20. kang ngampil kudhi Winata | pan sinudhang Kamadhêsthi mayungi | ampilan sadayanipun | pra dipati wanara | kang angampil pangrêsikane barêngkut | nora nganggo pinayungan | nèng singup cêlak sang putri ||

21. nunggil Sang Rêtna Trijatha | ingkang ngampil dandanane sang putri | wanara samya barêngkut | sigra Sang Maharaja | Wibisana ngatag ditya kang amikul | mantri sakêthi rong lêksa | ingangkat wimana aglis ||

22. mumbul kadya bumi mangkat | datan beda lawan Malyawan wukir |

--- 631 ---

kadi bêdhol wukir mabur | anglir Hyang Jagadnata | duk nêdhaki ing Prabu Rama ing dangu | jêjêle anèng awiyat | lor wetan kulon ngêbêki ||

23. kabèh wimana-wimana | miwah rata kang ditya pra dipati | pating salêbar sumawur | kadya ta swarga gograg | balêduging rata kanan keringipun | miwah sagunging wimana | puspakaning pra dipati ||

24. ingkang nunggil sawimana | ditya-ditya kang kaprabon ngajurit | lan ditya salomprèt sèwu | ngarsane singup gènnya | wre lit-alit kang binêkta nunggil wau | wus angati-ati samya | bêkta ub-aub pribadi ||

25. bêdhol waringin prasamya | miwah kayu sawo miwah kusambi | kayu sana miwah bulu | kadya gunung wutuhan | ing Suwelacalakaungkulan sampun | Bathara Rama ngandika | hèh yayi iki kang wukir ||

26. isine kayu ing alas | kang minăngka gêgamaning ajurit | kabèh watu gunung-gunung | gêgamaning wanara [wana...]

--- 632 ---

[...ra] | kang kungkulan tambak sètu băndalayu | angganthêng irêng katingal | narendra ngandika malih ||

27. yayi iku tingalana | kang angganthêng irêng ngalang jaladri | yèku sètu băndalayu | kang ginawe wanara | gunung-gunung watu-watu kang dèn usung | lah ta iku Si Anala | kang angrakit tambak iki ||

28. lir Bathara Kala têdhak | maring dharat arsa anglêbur bumi | duk nalika karya sètu | polahe kang wanara | rajaputri dangu ningali tumungkul | wus liwat ing sètu bănda | kungkulan Maendra wukir ||

29. maksih andhap lampahira | kang wimana sarwi anêningali | saisining gunung-gunung | miwah isining alas | kalangênan wong agung lan garwanipun | tutug dènira têtanya | Sang Rajaputri Mantili ||

30. barang ingkang katingalan | wana-wana kalawan wukir-wukir | sang putri tanya lon matur | dhatêng raka narendra | winastanan sawiji-wijining gunung | tan ana kang kaliwatan [kaliwata...]

--- 633 ---

[...n] | kang raka andhandhanggêndhis ||

86. Dhandhanggula

1. cinaritakakên duk ing nguni | kala anèng gunung Maliawan | kang rayi runtuh waspane | miwah duk anèng gunung | Rêksamuka tinutur sami | sasolah-solahira | ngêsah pisahipun | nulya tinutur angkatnya | pangluruge angirit bala wre sami | ngêbêki wanawasa ||

2. Batharendra ing samargi-margi | nugrahane sabarang kamulyan | Hyang Endra asangêt sihe | myang pêpanganan agung | kiniriman saking swarga di | wusnya tamat sadaya | kang raka pitutur | lan angèmpèr lampahira | kang wimana kêlangên samargi mampir | rêrêp ponang wimana ||

3. buta kang mikul wus dèn ingoni | dening Sang Mahaprabu Gunawan | lawan inginuman kabèh | guci maèwu-èwu | nora kandhêg dèn waragangi | mangkana kinèn sigra | mêsat lampahipun | dêdêl ngayuh jumantara | mèh kasundhul ing Endraloka kawingkis |

--- 634 ---

gègère abusêkan ||

4. samya ngudanakên wangi-wangi | nguwuh-uwuh aja pêdhak-pêdhak | suwarga maras atine | apan arsa dêdulu | para dewa jrih dèn prêpêki | Sang Prabu Wibisana | ngatag wadya mikul | kêdhuwurên ngêdohana | lan sawarga saksana mêdhun tumuli | amèt ing sawatara ||

5. lan ing Endraloka wus dèn dohi | dadya eca lampah sawatara | kinèndêlkên salomprète | wong agung amêmangun | lawan Prabu Ngalêngka malih | sagung krama wikrama | kramaning tumuwuh | kang tinitah dadi raja | lawan ingkang tinitah dadi wong cilik | mungguh wêkasing pêjah ||

6. yayi prabu kang katingal iki | tilas pratapan pandhita raja | yayi kêtara rakite | pêpasangan kadhatun | gapurane sadaya mawi | pamêngkang ngering nganan | asipat manguntur | prabata kinăntha pura | Wibisana wadyane kang dèn abani | ririhên lampahira ||

7. dadya tutug samya [sa...]

--- 635 ---

[...mya] nêningali | Narpati Rama alon ngandika | yayi Prabu Ngalêngkane | budinên pandhitèku | iki raja kudu anêpi | apa ta budi andhap | apa budi luhur | ratu lumuh pêparentah | sukan keron Wibisana awotsari | nuhun sumanggèng tuwan ||

8. Narendra Rama mèsêm dènnya ngling | payo yayi Truna Sudarsana | rinêbut sapakolihe | Truna Sumitra matur | nuhun duka datan kadugi | malih prabu ngandika | lah ta yayi prabu | Sugriwa manawa ana | kang karasa Sugriwa mèsêm wotsari | nuhun patik bathara ||

9. mangu-mangu mawa ngandika ris | Narendra RagusutaWijaya | pandhita iki karsane | suci ing dhèwèkipun | karatone mulya sayêkti | marmane tapinasang | nèng pucuking gunung | wus kudu suci kewala | nora nêdya sêsukêr aja nèmpèli | yayi mungguh manira ||

10. nanging rêbut sênêng iku yayi | yèn ingsun lumakua satitah | ing bathara sayêktine [sayêkti...]

--- 636 ---

[...ne] | yèn tinitah wak ingsun | nganggo badan wadhag puniki | yèn ingsun alumuha | ing sêsukêripun | pan dudu Bathara Endra | jisim alus yèn sira yayi lan mami | tan kêna singgahana ||

11. yèn ajana sêsukêre yayi | aran suci iya măngsa naa | iya iku timbangane | aran wadhag lan alus | ingsun kumbah wadhage yayi | sun wêwêjêk supaya | bisa moring alus | ya kari aran satunggal | pan siwadhag yèn brêsih linimput ing sih | mung si alus kang ana ||

12. jaman loro pan maksih cinangking | nora nimpar titahing bathara | yèn kinudu alus bae | wis tan kêna winuwus | ing purwane yayi ing nguni | jêr nora ana aran | wadhag lawan alus | gêlare tinitah ana | ya pagene yayi kudu dèn singgahi | dêstun lumuh kangelan ||

13. kang marentah pinarentah iki | iya yayi panggawene wadhag | pan uwus kinarsakake | balik ta kinèn iku | angadili [angadi...]

--- 637 ---

[...li] padha dumadi | yèn bênêr pira-pira | kautamanipun | mêngkono bae ta ingwang | lah ing kono rêbutên ingkang prayogi | yayi Prabu Ngalêngka ||

14. ana ujar kang patang prakawis | brăngta sopana yêkti waskitha | dèn awas ing panunggale | pasêmon papat iku | ingkang brăngta pan laku yayi | sopana pan dêdalan | yêkti iku tuhu | waskitha sampurnèng tingal | wruh ing sangkan paran urip maring pati | pati prapta minulya ||

15. jênêng brăngta kang lumaku yayi | turua tangi alungguh iya | dene sopana wêrdine | atangi turu lungguh | pan lumaku dunungirèki | dununge yêkti iya | atangi lumaku | dene wêrdining waskitha | ya aturu-turu lumakuatangi | atangi-tangi ilang ||

16. kang aran brăngta lumaku tangi | linggih iya dèn akên pangucap | ingkang sopana arane | lungguh tangi lumaku | iya dene ingakên nênggih | pan lampahing bathara | yêkti [yê...]

--- 638 ---

[...kti] têgêsipun | atangi turu lumakwa | iya dene ingakên ananirèki | dening Suksma Kawêkas ||

17. pralambine kang waskitha nênggih | turu lumaku atangi ilang | dene ingakênsucine | de hyang bathara luhung | iku yayi dèn amatitis | ing panunggale papat | aja salang surup | ing brăngta miwah sopana | ping tri yêkti kaping pat waskitha yayi | kabèh munggèng sarira ||

18. ingkang brăngta upamane kulit | kang sopana daging upamanya | kang yêkti balung pamane | ingkang waskitha sungsum | kulit iku yayi ngêmuli | sabarang ing pratingkah | kamot kawitipun | kabèh kang datan kawruhan | iya nora kawêtu saking ing kulit | kamot dening wêwadhah ||

19. kang sopana upamane daging | dene măngka margining kamulyan | kang yêkti balung pamane | têtêpe kuwatipun | barang tingkah yêkti nguwati | waskitha sungsum ika | wingit êningipun |

--- 639 ---

kang brăngta kondhang pangucap | nirkên wuwus kang ala mrih wuwus bêcik | sopana kundhang lampah ||

20. nirnakakên rêgêde kang margi | angrêsiki mrih ayuning titah | kang yêkti nênggih kundhange | nênugêl ing rèhipun | ala bêcik rampung katapis | ki waskitha akundhang | êninging pandulu | tan samar tan kacampuran | norapangling pêrnahe Hyang Otipati | kawawas jroning badan ||

21. yèn tinggala brăngta sopanèki | nora arus sabarang pratingkah | siya-siya panggawene | yèn tinggala sirèku | ing waskitha lawan ki yêkti | katampik nora kêna | pamorirèng dunung | yayi Prabu Wibisana | papat iku iya tan kêna ginêmpil | busana tunggal tingkah ||

22. parandene ana kang nglakoni | tinggal katri mung nganggo waskitha | dèn sirnakakên badane | tan tolih ananipun | mungadene Hyang Otipati | pinêlêng moring badan | yèku kang wus punjul |

--- 640 ---

tan nganggo rasa-rumasa | iya kabèh dudu kabèh dèn kawruhi | ing kono paran karsa ||

23. aja sira ngêndhong-êndhong budi | miwah yayi TrunaSudarsana | yayi Sugriwa wusdene | padha uruna wuwus | sapakolihing budi yayi | katiga matur nêmbah | prasamya anuhun | Narendra Rama ngandika | basa aran yayi aran nora gingsir | lawan kang duwe aran ||

24. mila yayi dèn angati-ati | ran Prabu Gunawan Wibisana | ing Ngalêngka di prajane | ing pati têmahipun | yèn tiwasa bumi puniki | anampêk marang sira | langit-langitipun | angoncati marang sira | ngêndi gone yèn nora bisa akardi | lara tibèng antaka ||

25. ngêndi gonira têmahing pati | yayi ujare kang wus utama | ing Endraloka parane | iku cacad kalangkung | dadi manakawan sirèki | suwita Batharendra | nora ngèl tinêmu | iku kandhangan antara | durung luwih ing pati-pati [pa...]

--- 641 ---

[...ti-pati] patitis | tan arsa mangkonoa ||

26. dadi ewuh ing aurip yayi | buru kaanan ingaran tiwas | amburu pawarta manèh | yèn bênêra wong iku | kayapriye ing sira yayi | Sang Prabu Wibisana | tur sêmbah umatur | yèn mênggah cêkak kawula | nuwun sabda anyandhak salah satunggil | ing cupêt kang kaanan ||

27. asor-asor wontên kang dèn nuti | ing pawarta manawi kapiran | tan wontên gêgendholane | narendra sru gumuyu | iya bênêr sirèku yayi | dadi wong wruh ing awak | upamane têngu | ganjarane anjaluka | iya kaya ganjarane ingkang èsthi | masa bisaatămpa ||

28. sangsaya suka gumujêng sami | samya ngiras kasukan nèng tawang | maksih lajêng rêrasane | wong agung ngandika rum | anon pêksi parênjak muni | maning prabu ngandika | yayi manuk iku | rada kaduk pamicara | wêwadine kêmba yèn nora dèn angling | apan iku wêwarah [wêwa...]

--- 642 ---

[...rah] ||

29. dadi kêndhêk gunane kang pêksi | si parênjak rêmên ngajak-ajak | tutur-tutur panggawene | yayi bêcik si puyuh | anggêgayuh amrih wêwadi | yèn wus duwe panggonan | nora singgan-singgun | sanadyan dèn oprak-oprak | lamun nora mèh kêpidak ora gingsir | saka panggonanira ||

30. nganggo măngsakalane yèn muni | unining gêmak tuhu widagda | anunggalakên gustine | unine sênguk-sênguk | ênguk-ênguk têgêse yayi | yaiku gustiningwang | wruhing uripipun | lamun wêkasane pêjah | milanipun si puyuh rahayu budi | nadyan sami pêksia ||

31. pêksi jalak agal ingkang budi | ngulakakên saking kaprawiran | iku wong bêsus watêke | tan wruh amrih ginunggung | barang karya kaworan pamrih | dene lêlewa ika | bêsus tan kapusus | marma yayi barang karya | nora ana ngungkuli ayu basuki | bisa busanèng basa ||

32. ora-orane [o...]

--- 643 ---

[...ra-orane] si bêsus yayi | napa mrihe iya ngungkulana | marang sapadha-padhane | yèku rêrêgêdipun | panggawene si jalak yayi | marmane sininggahan | kalêthêk kang dudu | kêpodhang adhangan ika | nuli ala têgêse panggawe yayi | satumalaku ala ||

33. yèn pinikir arsa dèn lampahi | panggawe ala ingkang satuma | dadi sagajah gêdhene | marma niti nguni yu | manantanga têgêse yayi | panggawe kabêcikan | linampahan dangu | aras-arasên tumindak | cêngil nuji wulanga singanga yayi | têgêse laku ala ||

34. lêmbat nora gulawat anuli | wulangêna têgêse kang lêmbat | nora gulawat jatine | winulang glis gung luhur | kadi macan tanaya julig | yayi padha kayua | ing wana puniku | titènana bêcik ala | kayu lêngki sugih rêringa angrêngki | arang dadi dandanan ||

35. padha kayu rawan kang prayogi | lurus rahayu sasolahira | atapa sapakantuke [sapa...]

--- 644 ---

[...kantuke] | ana ganjaranipun | sinung arum swarane yayi | unine kayu rawan | nong ning ning rahayu | padha sarpa-sarpa sawa | pinandhita tyasnya kadya prabunèki | Naga Basuki nama ||

36. Narendra Rama samargi-margi | barang kapyarsa barang katingal | saisining dunya kabèh | pinèt upaminipun | amrih tekad aja pinangling | tan pêgat anèng tawang | dènira lêlaku | yèn rêrêp ngêbêki wana | sangsaya gung katingalan kapiyarsi | tutug angraras driya ||

87. Mijil

1. pêksi manyura sêmbadèng warni | abagus kinaot | aparigêl antêng pangigêle | lamun muni unine na pinrih | anganggêp ngêngkoki | marmane ngênguwung ||

2. Ramawijaya ngandika malih | hèh ta yayi katong | mungguh ing sira apa karsane | yayi barang kang kumêlip iki | apa ta kinanthi | myang pinisah iku ||

3. Prabu Ngalêngka umatur aris | pukulun sang katong | kinanthia bilih tanpa gawe |

--- 645 ---

aran sami tinitah pribadi | punika sor nênggih | ing manungsa luhur ||

4. he punika anuhun pun patik | ing sabda sang katong | Sri Bathara Rama andikane | iya uwis kanyataan ugi | prandene kang luwih | pan kabèh kinukub ||

5. kang satêngah mangkana dènnya ngling | kalorean ingong | tambuh-tambuh iya kang ginape | durung tamtu badaning sawiji | yèku ngrêrubêdi | tan wus karya kuwur ||

6. kang sawênèh yayi ana angling | pagene mêngkono | bênêr pane kudu ceceboce | sapa kang dèn arsa-arsa malih | liyan manungsèki | kang tinitah luhur ||

7. upamane kulup tanpa ragi | cêmplange kêraos | yêkti pendah kang ana ragine | pan mangkana ana muwus malih | yèn mangkana yêkti | êndi bênêripun ||

8. Prabu Ngalêngka matur wotsari | tan kenging pinados | dadya têmah sasênêng-sênênge | samya amrih kautamèng pati | pati kang patitis | tatas [tata...]

--- 646 ---

[...s] ing pangawruh ||

9. wontên pandhita kuwat atapi | sataun angalong | tapa ngèli sataun lamine | pan sataun angon surya yêkti | parandene mati | anitis ing kuwuk ||

10. kang makatên paran kadipundi | sangêt salah ênggon | daya lamun sarasakuwuke | kuwuk pilêk gudhig lawan mêngi | mung kang dèn adhêpi | pitik duk tumurun ||

11. arsa nubruk kawênangan nuli | ginêbug ing lodhong | kalesetan putung bêboyoke | dadi rubungane rare cilik | pandhita niwasi | mêkatên pukulun ||

12. paran kamurahan bathara di | punapa tan yêktos | gêng abrăngta makatên walêse | warti barang titah bathara di | barang ingkang pinrih | yèn nêmên tinêmu ||

13. Narendra Rama ngandika aris | yayi kang mêngkono | durung gêguru iya yêktine | durung duwe panganggêp kang yêkti | kêsusu sumuci | bingung kadalurung ||

14. mila datan kêna ginagampil [ginaga...]

--- 647 ---

[...mpil] | waluyaning layon | ika mau kasiku sêmune | bangêting tapa kinibir yêkti | marmane kuwalik | dadak dadi kuwuk ||

15. tur kuwuke pilêk sarta mêngi | tiwase kêlakon | dènnya masthi tan mawi sumendhe | barang karya yayi nêniwasi | poma dipun eling | rèhnya madêg prabu ||

16. kunêng kang agung kêlangên margi | mrih waluywèng layon | Sang Marutasuta ing lampahe | sampun kêlampahan ingkang wêling | pan samargi-margi | rinuruh karuruh ||

17. sampun anjog Ngayudya nagari | prabune duk miyos | siniwakèngwadya punggawandhèr | dumarojog Anoman duk prapti | ngarsèng Barata Ji | kagyat kang andulu ||

18. mangsah matur Rama Dayapati | kawula kinongkon | de jêng raka paduka wiyose | narendra putra paring upêksi | dènnya mangun jurit | mangkya sampun unggul ||

19. Rajèng Ngalêngka sampun kajodhi | jăngga sampun pêdhot [pê...]

--- 648 ---

[...dhot] | sabêdhahe Ngalêngka ing mangke | kang ingadêgagên narapati | pun Wibisanèki | karatone punjul ||

20. Dasamuka bala tanpawilis | wrêksasarêrêmpon | mila raka paduka unggule | ing ayuda mêngsah lan ditya ji | ratuning wre sêkti | Sugriwa pukulun ||

21. kang kinadang kinondhang ing jurit | lamine rêrêmpon | raka paduka mangke karsane | kondur dhatêng Ngayudya nagari | sang narpati kalih | dhèrèk atut pungkur ||

22. nanging karsane mêdal wiyati | pra dipati jomblong | kang miyarsa Anoman ature | Prabu Barata ngandikèng ari | Truna undhangna glis | sagung punggawa gung ||

23. angêriga wowohan wanadri | sagung kêbon-kêbon | têtuwuhan pasangana kabèh | urut dalan iya lawan guci | wêragange sami | adhangna marga gung ||

24. kakang prabu ingkang badhe prapti | balane warna ro | ditya lawan wanara wadyane [wa...]

--- 649 ---

[...dyane] | êngakêna sungapan jaladri | minane prasami | maringa kadhatun ||

25. buron alas kêrigana sami | parakna kadhaton | pirantine kaya sabênkae | wusnya parentah kondur narpati | Anoman kinanthi | kondur mring kadhatun ||

26. praptèng pura pra ibunya katri | ngaturan pawartos | lamun badhe praptane putrane | bala wanara lawan rasêksi | Dèwi Ragu nênggih | kumêpyur tyasipun ||

27. Dèwi Ragu sinjang dèrèng salin | sedane sang katong | iya sakesahe atmajane | anggung sêmadi ing sabên ratri | mangkana miyarsi | kang putra mèh rawuh ||

28. kadya kayungyun luwaring brangti | wau ta sang katong | enjing sineba sapunggawane | arsa mêthuk samêkta wadyèki | gumêrah wadya lit | tuwin sri wadya gung ||

29. têtuwuhan angapit nèng margi | tan ana kang towong | Narpati Brata enjing angkate | mêthuk ingkang raka nganti [nga...]

--- 650 ---

[...nti] margi | sapunggawa sami | jro pura pra ibu ||

30. gajah rata jêmpana tan kari | umiring sang katong | kunêng Brata wau pangantine | Anoman tumut tan kêna têbih | gènira lumaris | lawan para ibu ||

31. jawi kitha dènira miranti | tarub dènnya ngantos | wong Ngayudya kumukus barise | kadya yayah mujamasêmadi | badhe dèn têdhaki | mring Bathara Guru ||

32. kawuwusa sang anèng wiyati | wimananya ajog | bala rêksasa tumurun kabèh | rata puspaka aniyup sami | wadya kang ningali | wiyati lir mêndhung ||

33. tanganing buta yutan kaèksi | busêkan ponang wong | gègèr gumuruh pan pangrasane | Bathara Kala ngêdhuni bumi | karsa anyalini | bumine ginêmpur ||

34. wadya kang angon jaran prasami | malêdug rêbut gon | tan ana kang tolih turanggane | wadya ingkang adus jalu èstri | gugup tan atolih | bêbêt [bêbê...]

--- 651 ---

[...t] sinjangipun ||

35. wus tumêdhak wimana rêtna di | kang mulat anjomblong | kadya wukir dahana tan pae | samya têdhak wanara rasêksi | kumêrab ngèbêki | danasmaranipun ||

88. Asmaradana

1. narendra putra nulya glis | sampun tumêdhak ing dharat | munya sèwu salomprète | kumêrap kumrêtêg ngayap | ampilan kering kanan | piyak bala Ngayudya wus | pra ibu têdhak sadaya ||

2. balane ngêbêki bumi | wus sami mudhun sadaya | wau Sang Anoman age | malajêngi matur nêmbah | mring Sang Narendra Rama | ibu paduka pukulun | punika katiga pisan ||

3. gupuh wong agung marani | mring ibu mangsah sumêmbah | rinangkul marang ibune | cumêmplong ibu tyasira | lir manggih rêtna yutan | waspandrês Sang Dèwi Ragu | adangu ngrangkul kang putra ||

4. gumanti Dèwi Kekayi | sinêmbah mring Ragutama | iya Barata ibune | nulya ibune Lêksmana | nênggih [nêng...]

--- 652 ---

[...gih] Dèwi Sumitra | katiga sinêmbah sampun | kathah kagagas ing driya ||

5. karasa tinutur sami | solahe duk kabêndana | tan wus dènnya rawat luhe | sagung kang samya tumingal | samya angluding waspa | dènnya sangêt kawlasayun | ing mangke praptaning suka ||

6. yayah muarèng jaladri | awantu praptaning suka | Narendra Rama angawe | marang Prabu Wibisana | miwah Prabu Sugriwa | tinêdahakên mring ibu | prabu kalih sarêng nêmbah ||

7. katiga sinêmbah sami | mring sang prabu kalihira | pramèswari katigane | ngrêtèni têtamunira | sirêp wijiling suka | dènira ngurmati tamu | pinatut ing lêlungguhan ||

8. Narpati Brata nulya glis | mangsah sumêmbah ing raka | sigra dinudut astane | rinangkul kangsigra gantya | Rahadèn Truna nêmbah | lawan sasêntananipun | kumrubut samya manêmbah ||

9. tuwa nom agêng lan alit | singa mangsah-mangsah nêmbah | siji-siji panunggale |

--- 653 ---

ajêjêl dangu tan têlas | kathahe kang sêntana | lir punagi sadaya wus | praptane Narendra Rama ||

10. Barata namudanèki | mring narendra kalih pisan | katiga sarêng dhêkune | wus tata dènira lênggah | Barata ngawe bala | gêntosi ampilanipun | sagung wanara prawira ||

11. wus dangu dènnya ngecani | mring sagung wadya sêntana | Narpati Barata age | angawe punggawanira | ingkang panganjur lampah | budhal saking ing têtarub | Barata ngling mring Anoman ||

12. kinèn samya ngacarani | mring sagung bala wanara | miwah ditya sakathahe | sugata kang munggèngmarga | sasuka-sukanira | Anoman ngundhangi sampun | wanara miwah rêksasa ||

13. kumrubut mèt sukanèki | wanara miwah rêksasa | gumêr angrêbut gucine | kang samya isi waragang | danawa ting jalemprak | bala wanara kumrubut | sami angrêbut wowohan ||

14. myang wowohan adi-adi | sampun [sampu...]

--- 654 ---

[...n] sadaya nèng marga | suka wanara solahe | kèh kalung cêngkir lan kacang | sukane kang wanara | manawa têlas ing ngayun | tan wruh yèn sangsaya kathah ||

15. lan sangsaya adi-adi | gumuruh wre swaranira | miwah ditya ting galêmbor | kulub lan bêkakak samya | dhêdhêg saurut marga | munggèng bangku wus satumpuk | panggang bêlo lawan menda ||

16. sarwi sinandhingan guci | dadya têlas sukanira | danawa pating galêro | yèn andulu bêbadhogan | danawa ngrusak tata | miwah wanara andulu | wowohan kuwur têtanya ||

17. găndawidanya tan kari | pinasang saurut marga | sêkar-sêkar warna abyor | miwah kang êpang-êpangan | tuwin anggit-anggitan | karang mangu karang mungkur | sêkar saosan danawa ||

18. saosan wanara sami | sêkar êpang sêsêmpalan | tinêngêran saosane | kang maring bala wanara | miwah bala rêksasa | mila tan ana kaliru | bisane

--- 655 ---

Patih Ngayudya ||

19. kang matah sugata sami | danawa suka kalintang | katutugan sasolahe | wau ta nagri Ngayudya | tuwa nom èstri priya | jibêg tembak anèng lurung | andulu gustine prapta ||

20. sagung wanara bupati | miwah dipati rêksasa | tinata wau lampahe | lêbête sajro nagara | tiningkah bupatinya | sapatih-sapatih kumpul | golong sagolonganira ||

21. kumrêtêg wre lampahnèki | susun atub têtêl atab | danawa barise golong | daludag lir lintah kumlap | kêndhang bèri wurahan | gumuruh swaraning diyu | kadya mangkat ing ayuda ||

22. ing alun-alun wus prapti | sumisih bala rêksasa | tembak nèng kilèn ênggène | bala wanara nèng wetan | atub matumpa-tumpa | punggawa ngabani sampun | ngrancana ngrakit kadya prang ||

23. sarêng matêmpuh ngajurit | wanara mêre ibêkan | bala rêksasa anggêro [anggê...]

--- 656 ---

[...ro] | têmpuh pyuk pating jalemprak | rêksasa kiprah-kiprah | wre mêndhak amundhuk-mundhuk | dingkik-dingkik gulu molah ||

24. kagila-gila wre sami | kang pindha udrêg-udrêgan | kumêsar tyase kang nonton | giris kang samya tumingal | kang têmpuh rakiting prang | ting jalêrit rare dulu | yayah kadi prang tuhunya ||

25. malêdug kang nêningali | miris sagung wong lumajar | suka kacaryan kang anon | wèh ebat kang samya mulat | tênagane rêksasa | lan wanara solahipun | dènnya rakit prang sri nata ||

89. Sinom

1. sri mahaprabu sampurna | praptèng panangkilan ririh | dharat dènira lumampah | sarwi anuntun kang rayi | Rajaputri Mantili | Rêtna Trijatha nèng pungkur | lan saparêkanira | ing wuri sang prabu kalih | ginarêbêg punggawa ditya wanara ||

2. kadya wus payunging jagad | jwalanira sapraja di | kasuksmaning bumi ratya | sang rat mahambêk basuki | Brata angacarani [a...]

--- 657 ---

[...ngacarani] | narendra ing kalihipun | lajêng umanjing pura | kalihe samya umiring | ing lêbête Narendra Ramawijaya ||

3. wadya gung wus sinung prênah | para wanara dipati | lèring alun-alun samya | sugata prapta anggili | sagung bala rasêksi | sakilène ngalun-alun | wus tata kang sugata | anggili mawarni-warni | eca tyase wre ditya kang pamondhokan ||

4. wau kang manjing jro pura | kèndêl ing bale mas manik | wisma kang atêp-atêp mas | awuwung jumêrut wilis | lambange mutyara di | pêkajakik sakanipun | wus munggèng singangsana | rêtna kalawan kang rayi | dènnya lênggah Wong Agung Ramawijaya ||

5. Mahaprabu Wibisana | lawan Sugriwa Narpati | munggèng dirgasana rêtna | wus samya tur sêmbah linggih | miwah Sang Barata Ji | nunggil lan narpati tamu | aglar punang saosan | lajêng dhaharan narpati | warna-warna nutug sawarnaning boga ||

6. Narpati Rama kalawan [kalawa...]

--- 658 ---

[...n] | kang rayi putri Mantili | dene narpati katiga | nunggil saambêngirèki | Ngayudya pra dipati | mantri satriya supênuh | Sang Truna Sudarsana | lawan Truna angrencangi | dhahar lawan bupati wre lan rêksasa ||

7. jawining pintu kapisan | gumêdêr midêr kang larih | udan rum-arum hèr mawar | kêmbang-kêmbangangèbêki | nutug sakarsa sami | larih mayêng wantu-wantu | dhadhut wadhuking ditya | mêkar jajaning wre sami | gung siniram hèr mawar lan kêmbang-kêmbang ||

8. wuwuh-wuwuh owah-owah | sumilih salin-sinalin | sinêlan susulan anyar | angêt mêntas saking gêni | sinawung kêndhang suling | Anoman agung angidung | Saraba swaranira | dadakan kidunge sami | mêmbat-mêmbat awor ing suling swaranya ||

9. butane pating cukakak | ting gandhiyêk ambêksani | suka punggawa Ngayudya | mulat ditya wanarèki | wanara kang nêmbangi | macicil apacak gulu | dingkik-dingkik dhêdhangkak | bêdodong [bêdo...]

--- 659 ---

[...dong] miwir kang samir | buta ngidung suling lodhong têmlawungan ||

10. ing jro nutug sukanira | ing jaba suka tan sipi | sinapih hyang bagaskara | sumorot anitih wukir | wre ditya pra dipati | wus samya mundur kêkuwu | Narpati Wibisana | lawan Sugriwatan kêni | mêdal kinèn sarea nunggil jro pura ||

11. sinaosan pasarean | prasamya rinukmi-rukmi | ataritis mirah nila | rêrawis anganan ngèri | wau narendra kalih | anulya kinèn lumaju | sare tilam kumala | salamine nèng jro puri | sinami lan Barata Truna Lêksmana ||

12. wong agung lawan kang garwa | tumamèng tilam maniti | jumantên nila pakaja | prasamya sae kang warni | kadya nganyar-anyari | lulut lèngkèt kadi pulut | mangun mangudasmara | ingangkat pangekakapti | wusnya siyang mijil munggèng singangsana ||

13. Brata Gunawan Sugriwa | narendra katiga prapti | munggèng

--- 660 ---

rêtna dirgasana | narpati katri manunggil | mêmangun kramaniti | wikrama karêm krama yu | nênggih ing sabên enjang | mangkana narendra tami | miwah sagung kasukan lan kêlangênan ||

14. anêlas kasukanira | suka nadhah anutugi | sukaning apuruhita | nutug amênuh-mênuhi | tètèhing tata titi | titih tinètèh satuhu | wutah tan sita-sita | asihe kinulit daging | pan ginandhèng kinondhang anatas nyawa ||

90. Mêgatruh

1. malih eca lênggah wong agung katêlu | munggèngdirgasana manik | Narendra Rama lingnyarum | hèh yayi narendra katri | kêmba yèn tan winiraos ||

2. ing wong urip sadinane aja tungkul | asewagara lan tulis | padhaning rèh aja pandung | budi agal budi wingit | purwane tan lyan ing kono ||

3. nora kêna ginampil kang wus kasuwun | marma na ala lan bêcik | ing bênêr kalawan luput | kang tinampik kang pinilih | purwane wruh

--- 661 ---

saking kono ||

4. mila pasthi yayi yèn jênênging ratu | asiha ing pandhita di | wiku-wiku kang kawêngku | ywa pêgat pinèt ingkang sih | rasukên dèn amrih kang wong ||

5. aywa taha maoni rèh ingkang luput | anarik maring patitis | ambênêrakên rahayu | pasrahana lair batin | kang amêngku gampang ewoh ||

6. hèh ta yayi katri basa wiku-wiku | iku sêsakaning bumi | ing batin măngka pikukuh | ing lair punggawa yayi | ing rèh lumakwèng bot repot ||

7. aja pêgat arêrasan lawan wiku | wruhning tan antarèng batin | miwah punggawa gung-agung | aja towang ing panari | malane ing rèh tan keron ||

8. wêtune kang beka winawas winuwus | amrih tan uwas ing wèsthi | wêwangêning siyang dalu | dèn ajak kaliru tampi | eman kang dadi lêlakon ||

9. kèhning beka ing rêtnèstri wijilipun | dèn sung măngga ing dewaji | rèhing batin dèn kapupus [kapu...]

--- 662 ---

[...pus] | ratu wakil bathara di | babuning kinaot-kaot ||

10. èngêta ring pakartinta kinèn andum | kamurahan bathara di | aja ewah ring pikukuh | lêgawèng tyas angukuhi | pakaning kang waskithèng don ||

11. aja nyipta kêkurangan yèn ing prabu | têmah angandêli tipis | pandukirèng mawa kuwur | pan narpati tyasing bumi | tan kêna wèh walangatos ||

12. tipis-tipis sêtyanira ing Hyang Guru | kongkulan rèhing kasêktin | kawibawan ambêbawur | pususên tyas sănggarunggi | gampanga kang abot-abot ||

13. aja was-was wasisthanên dèn kawuwus | wawasên ubêding pati | bêbaya ing tyas wèh kuwur | yèn luput prajanirèki | nêmu pakewuhing layon ||

14. yèn ing praja têrang rêntêng arêruntung | lawan kamulyaning pati | abote tinitah prabu | prabawane ambawani | amêngku ing gampang ewoh ||

15. nora sih yèn kuwure pamoring dunung [du...]

--- 663 ---

[...nung] | kawênangan nora êning | konang-konang winong anung | wênang iku kurang wêning | lire tan kêna pinindho ||

16. yayi Prabu Wibisana salin wuwus | akèh pangangkuhing pati | kang sawênèh ana muwus | besuk yèn ingsun ngêmasi | abali mring purwaningong ||

17. saking wahyu sawiji kamulyanipun | apêncar ngêbêki bumi | sun mati bali mring iku | aran asaling sawiji | pan dhingin tan ana loro ||

18. yayi iku wong kêburan kèbêr kabur | angabar datanpa dadi | yèn ingsun tan arsa tiru | yayi maras bok kuwalik | milu-milu kapilayon ||

19. sira Prabu Gunawan manêmbah nuhun | wong agung ngandika malih | yayi yèn ingsun tan ayun | kang sawênèh ana angling | besuk ing palastraningong ||

20. iya mêngko iya besuk anggêpipun | tan ana Hyang Otipati | jêbule wus anèng ingsun | ngong tênung nèngbadan mami | Suksma Kawêkas wus ingong ||

21. iya [i...]

--- 664 ---

[...ya] iku ambêge wong bingung pêngung | ing jagad pêksa dhèwèki | cêcandhake sasar-susur | iku yayi yèn binudi | sarandu setan rêraton ||

22. pêksa nganggêp sarira Bathara Guru | satuwuhe misesani | lanang wadon nora siku | apan uwis saking siji | iya milane sinikon ||

23. iku yayi samar gêdhe aja tiru | wong gumampang angêngkoki | soso edaning pangangkuh | iya iku dudu iki | iya kono dudu kono ||

24. mung mêngkono bae yayi mungguh ingsun | rèhning yayi borong budi | nguni Prabu Sasrabau | lamun tan arsa tinangkil | patihe bae kang kinon ||

25. Suwănda kang ngrasuk kapraboning ratu | ilang sipating pêpatih | siniwi ing punggawa gung | tan ana kang ngudanèni | dinalih pasthi sang katong ||

26. kang waskitha măngsa kênaa kaliru | Suwănda Suwănda yêkti | Sasrabau Sasrabau | yèn lagi kinarya silih | yêkti lang sipating

--- 665 ---

loro ||

27. yèn Suwănda bae yayi kang kadulu | sang prabu datan kaèksi | yèn Sasrabau kadulu | Suwănda datan kaèksi | dèn awas panunggal loro ||

28. apa iya ya Suwănda Sasrabau | yèn sira arani siji | tambung laku ing pangawruh | kuthuh dosa gung sirèki | gawat kacênthok kapêngkok ||

29. nora kêna sinêlak-sêlak pinêluk | mring kang ngadhang-adhang sisip | yèn loro anggêpirèku | têmah kèthèr maring êning | adoh kaêlêtan adoh ||

30. apan iku durung bênêr kalihipun | alurus Suwănda Patih | gustine pan Sasrabau | nangingtan pisah tan tunggil | nora adoh nora amor ||

31. nêmbah mèsêm Prabu Gunawan tumungkul | wong agung mèsêm sarya ngling | pagene yayi tumungkul | apa na karasèng galih | Prabu Ngalêngka wotsinom ||

32. măngsa boronga jêng gusti ingkang mêngku |

--- 666 ---

ing wasana amurwani | Brata Sugriwa tumungkul | prayitna sinawo ngliring | muji mring Ngalêngka Katong ||

33. ana malih yayi wiku kang amuwus | besuk yèn ingsun ngêmasi | atunggu cahya pan iku | dununge Hyang Otipati | nadyan besuk nadyan mêngko ||

34. sun ciptaa cahya sayêkti tinêmu | yèn mati pan ingsun kawin | lan gusti Sang Hyang Linuhung | salêkêre wisma mami | tan kêna kari lan ingong ||

35. kang mangkono wong luput kalaut-laut | wong pasang kapesing-pesing | wong katut têtêp tinutut | pan gustine salah dalih | kasusu tan waskithèng don ||

36. iku yayi dèn prayitna ing tumanduk | Prabu Ngalêngka wotsari | mugi èstua pukulun | nugraha sabdaning gusti | pinrih mêmanising layon ||

91. Dhandhanggula

1. datan pêgat salaminirèki | nèng Ngayudya Sang Prabu Ngalêngka | lan Sang Prabu Kiskêndhane | kadya udan rum-arum | prabawane [praba...]

--- 667 ---

[...wane] wibawa budi | yayah ngeja panjuta | tyasira rumasuk | kapasuk agênging trêsna | Sri Gunawan Wibisana wuh undhagi | miwah Prabu Sugriwa ||

2. agung wulang wulangun kaliling | lêlêng dene rasaning surasa | karasane rêrasane | rarasing arum-arum | wuh kawangwang wuh ing wêwangi | wêwangunanNgayudya | waluyaning ayu | nutusing kramawikrama | pira-pira undhake kaprabon adi | tan wus pinujyèng jagad ||

3. katri pitung ari pitung ratri | siniraming toya puruhita | trus angên-angên mangêne | tatas saking rèh putus | apandhega sundhul undhagi | rièng rasa-rumasa | umilêt kalulut | pamawasing pamisesa | nora wawas kawawas wuwusing wèsthi | wasistha asthabrata ||

4. kadya tilam tamalagna-lagni | tan lênggana lêgawa liningga | mawèh surasa katalèn | katula tatalipun | gandaning kang jênu ngênani | ngunadikèng kênanga | sumarsana mawur | rarasning kang onang-onang [onang-...]

--- 668 ---

[...onang] | sainganing panjuta angujwalani | madrês mardikadarman ||

5. wahya winuwus catur dasa ri | nèng Ngayudya Sang Prabu Gunawan | lan Sang Sugriwa wusdene | sang atiti tinêmu | katamaning marta utami | rarasing karêsikan | pan mungguh katangguh | tan suminggah ing agagah | gêgana gung kagean amigunani | Gunawan Wibisana ||

6. rêngganing suka magêng sênggani | mèh pinupus papa kawistara | paripurna pangasihe | surasane manungsung | lara larat sudamawêrdi | ibêgan ambêg suka | lumulunging gadhung | lumur lumêr maliwêran | darma miyat miyatani sang kênèng sih | Gunawan Wibisana ||

7. bala wre ditya ing sabên enjing | winêlêg kulub sapi minangsak | linêmêng gulèn-gulène | angêt-angêtan mangut | panggang kuda pêpêcêl kancil | buta bêkakak warak | kêbo binatutu | kêkabelaning danawa | pindhang banthèng miwah wre kang doyan masin | tinuwuk tinutugan [tinutuga...]

--- 669 ---

[...n] ||

8. bênêm-bênêm asêm-asêm sami | tagih têkan miwah sêsaratnya | lawu-lawu sale-sale | kecab kinêcêr jêruk | mêmbut-mêmbut awaking yaksi | tan ana kêkurangan | ing sadinanipun | sugata kathah kang turah | langkung samya wuwuh sumungkêm mêmuji | mring sang prabu utama ||

9. anggung bujana ing sabên ari | narendra tamu sami tinêkan | bujana lan kasukane | Narpati Rama Agung | karêsikan mangun karêsmin | tutug rasa-surasa | marmadi ing kayun | wus kalok ing pramudita | yèn Sri Rama alêlana anyar prapti | bêdhah nagri Ngalêngka ||

10. èstu jaya kajayaning jurit | purusotama utamèng jagad | ambêk pararta martane | dadya praja kèh nungkul | datan mawi pinagut jurit | kèh prapta puruhita | para ratu-ratu | mangkana prabu kalihnya | wus alami nêdya samya nuwun pamit | prabu miyos bujana ||

11. munggèng made ing pandhapa manik | tinimbalan sagunging satriya [sa...]

--- 670 ---

[...triya] | miwah prabu katigane | Brata Sugriwa sampun | Wibisana wus nunggil linggih | nèng rêtna dirgasana | narendra katêlu | Bathara Ramawijaya | munggèng singasana lan Rêtna Mantili | eca samya bujana ||

12. Rêtna Trijatha dèn busanani | maring putri Sang Mantilidirja | sadandananing kaputrèn | saparêsikanipun | kêndhaga mas isi mas manik | angêt-angêt akathah | myang golèk jumêrut | tan kêna ngetung jinira | bêbêktane Sang Raja Putri Mantili | maring Rêtna Trijatha ||

13. langkung suka Trijatha Sang Putri | ya ta wau ingkang wus kadawan | norantèk suka langêne | jaba jêro anutug | ingkang langên jroning kamuktin | wau ta munggèng rêtna | ing made jumêrut | lan ing rêtna dirgasana | angandika Narendra Rama mlasasih | mring prabu kalihira ||

14. hèh yayi Sugriwa sira mulih | lan ari Gunawan Wibisana | apuranira dèn akèh | lan liwat sukaningsun | iya lawan sakadang [saka...]

--- [0] ---

[Grafik]

Prabu Sugriwa. Prabu Wibisana. Prabu Barata. Prabu Rama. Dèwi Sinta. R. Lêksmana.

--- 671 ---

[...dang] mami | sira kang asung suka | marang ibu-ibu | miwah sagotrah Ngayudya | sira ingkang mawèh suka gêng tan sipi | wèh tuwuh sanagara ||

15. aywa gingsir pambêkanira ji | paramartaapura utama | bakuh wêkasan luhure | prabu kalih anuhun | datan pêgat winulang sami | wau Rêtna Trijatha | kang agung winuruk | maring wau Dèwi Sinta | pratikêle wong urip têmahan pati | wutah sadriyanira ||

16. angandika putri ing Mantili | babo nini aja lawas-lawas | nuli tinjoa marene | Rêtna Trijatha matur | gih-gihane ta uwa dèwi | kula masa bêtaha | lami tan atêmu | sang rajaputri ngandika | sakèh-kèhe panggawe ing nguni-uni | bok ana luput ingwang ||

17. nini duk ing jro pura ing nguni | iya anèng taman Argasoka | sapa nyana yèn mêngkene | sira wèh tuwuh ringsun | sèwu wurda trêsnanirèki | luwarna dosaningwang | nini ring sirèku | kawangwang [ka...]

--- 672 ---

[...wangwang] panggawenira | panggawèngsun mung puja sêmadi mami | nini prapta ing sira ||

18. sigra nêmbah Trijatha sarywamit | rinangkul sarta mawi karuna | sigra lajêng mring ênggone | Bathara Rama sampun | anèng made pandhapa manik | nêmbah Rêtna Trijatha | mangraup ing suku | ngandika Narendra Rama | iya nini dèn agung apuranèki | ingsun lan ibunira ||

19. wre prawira kabèh dèn timbali | kerid maring Anggada Anoman | sumêmbah ngraup padane | gantya-gantya kumrubut | sang narendra ngandika aris | ya kabèh sukanira | sagung anak putu | kabèh wanara manggala | matur nêmbah manuhun wre pra dipati | lèngsèr saking ngayunan ||

20. sigra nêmbah sang narpati kalih | samya ngraup padaning narendra | kalihe samya lumèngsèr | Narpati Brata sampun | mijil saking pura ngundhangi | sagung punggawanira | lawan truna tumut | angatêr jawining kitha | mring budhale wau sang narendra kalih |

--- 673 ---

wangsul jawining kitha ||

21. tri gumuruh wadya kang lumaris | ditya samya amêsat ngêmbara | miwah wre kang gêdhe-gêdhe | lawan ta prabunipun | tan kawarna ramening margi | bala wre lan rêksasa | wuwusên ing pungkur | Narendra Ramawijaya | wus lêstari amayu isining bumi | èstu payunging jagad ||

22. saenggane wrêksa gêng waringin | êpangira tutug sapawarta | dènnya ngaubi jagade | mêngku ing ngaub-aub | tri buwana kauban sami | sasat Sang Hyang Marmata | susilanira yu | mênuhi wisayanira | tri buwana pinasuk rêsêpe sami | rumêsêp wanginira ||

23. para êmpu kang naragèng kawi | Yogiswara aksimanirèng rat | kasabana lêlabête | sumawuring rum-arum | kang tulus ing parikrama di | kramaning tri buwana | arjaning tumuwuh | rahayuning raja-raja | arjaning kang prajane sawiji-wiji | kabèh padha arjaa ||

24. pan kumêsar sarjana prasami | miyarsa rèh jagad [ja...]

--- 674 ---

[...gad] aru-ara | minta Hyang Wisnu turune | marmaningHyang tumurun | ngusadani isining bumi | tumitah mring Ngayudya | Sri Bathara Wisnu | mangkya sampun kalampahan | dening Wisnu sirna rêrêgêding bumi | mulyaning pramudita ||

25. wau lampahe narendra kalih | Prabu Sugriwa praptèng Kiskêndha | wus panggih lawan garwane | wanara sadaya wus | prapta wisma kang pra dipati | sacaraning manungsa | pan dèrèng rumuhun | kasusu panglurugira | mangkya mangun kaprabon sawulangnèki | Prabu Ramawijaya ||

26. Sri Gunawan Wibisana prapti | sawadyane nagari Ngalêngka | linastari wêwulange | Ramawijaya Prabu | sakêdhèp tan kêna ginêmpil | prabawa paribawa- | nira sang aulun | arjane nagri Ngalêngka | salamine cinatur tan kadi mangkin | Narendra Wibisana ||

27. dityanira lêmu-lêmu sami | butanyarungus pan ora ana | buta durjana sirnane | murka-murka katawur | buta ayêm-ayêm prasami |

--- 675 ---

tan ana doracara | kabèh danawa yu | pratăndha Hyang Jagadnata | datan angèl kang ala ginawe bêcik | sumêbaring kaarjan ||

28. Prabu Kawêkas putus mêkasi | bengkas durcara ramyakkên jagad | misesa sampurnaning rèh | mamêrdu buwana rum | akèh para misesa prapti | datan asubasita | mrih manuhara rum | mring Gunawan Wibisana | sananingrum rumêsêp anrus tyas êning | rasaning rat sumbaga ||

--- [676] ---

[...]

--- [677] ---

Kauningana Para Maos.

Bilih waosan Sêrat Rama sarta tambahan Sêrat Darmagandhul sampun tamat. Dene ingkang badhe kangge waosan sêrat pananggalan taun 1926 ngajêng punika Sêrat Parta Krama, nyariyosakên pikramanipun Radèn Janaka dhaup kalihan Wara Sumbadra, ngantos dumugi Srikandhi Maguru Manah, sambêt-sumambêt kados ingkang sampun kalampahan.

Juru pangimpun.

--- [678] ---

N. V. UITG. MIJ. H. BUNING: JOKJAKARTA

Punika adrès ingkang sakalangkung misuwur rêgi mirah wah bagus tumrap sawarnining padamêlan cithakan (DRUKWERK) punapa malih pabrik sêtèmpêl karèt tuwin kuningan, cap tăndha asma (HANDTEEKENINGSTEMPEL) tansah anyênyadhang sih para priyantun utawi sanèsipun, mugi kêparênga nyobi utawi nyatakakên mundhut tumbas.

--- 679 ---

Pranatan Pos sarta Tèlêgram Dhinês.

Adamêl ngalamating sêrat kêdah ingkang cêtha, prangkonipun katèmplèkna ing sisih têngên (pojoking amplop ingkang nginggil).

Sawingkinging amplop kasêrata ngalamatipun ingkang kintun (afsèndhêr).

Sêrat-sêrat ingkang tumrap ing Indiya Nèdêrlan, manawi botên langkung saking wawrat 20 gram, kêdah mawi prangko 12½ sèn, bilih langkung: sabên 20 gram, wêwah 7½ sèn. Sêrat-sêrat tumrap dhatêng ing Eropah, binêkta ing mil, manawi wawratipu-

--- 680 ---

n botên langkung saking 20 gram, mawi prangko 15 sèn, langkungipun saking 20 gram, wêwah 10 sèn.

Kartu pos ingkang tumrap ing Indiya tuwin ing Eropah rêgi 8½ sèn.

Sêrat cap-capan (Drukwerk) wawrat 50 gram utawi kirang, tumrap ing Indiya Nèdêrlan, mawi prangko 2½ sèn.

Sêrat cap-capan tumrap dhatêng ing Eropah, wawrat 50 gram utawi kirang, mawi prangko 5 sèn.

Sêrat kabar ingkang wawratipun 25 gram utawi kirang, mawi prangko 1 sèn.

Dhokumèn (Document) inggih punika sêratan ingkang badhe dipun êcapakên, manawi wawrat 50 gram utawi kirang, tumrap ing Indiya Nè-

--- 681 ---

dêrlan mawi prangko 2½ sèn, nanging botên kenging kirang saking 12½ sèn.

Dhokumèn ingkang wawrat 50 gram utawi kirang, tumrap dhatêng ing Eropah mawi prangko 2½ sèn, nanging botên kenging kirang saking 12½ sèn.

Conto (Monster) tumrap ing Indiya Nèdêrlan, sabên wawrat 50 gram, mawi prangko 2½ sèn nanging botên kenging kirang saking 7½ sèn.

Conto tumrap dhatêng ing Eropah, sabên wawrat 50 gram, mawi prangko 5 sèn, nanging botên kenging kirang saking 10 sèn.

Sêrat-sêrat ingkang tanpa prangko, ingkang nampèni kêdah ambayar tikêl saking mêsthinipun, manawi botên purun nampèni, botên susah ambayar, ingkang kintun ingkang badhe kadhêndha.

--- 682 ---

Tumrap karcis nama (Drukwerk) kêjawi ingkang sampun dipun êcap, kenging mêwahi sêratan malih 5 têmbung, kados ta: kangge suka wilujêng taun baru lan sapanunggilanipun.

Kartu pos alih-alihan, rêginipun 2 sèn, kartu pos rangkêp (met betaald antwoord) têgêsipun kalih dados satunggal, ingkang satunggal badhe kangge wangsulan, rêginipun 17 sèn, supados ingkang nampèni tumuntên amangsuli, botên susah ngêdalakên waragad.

Sêrat angêtèkên (Aangeteekend) têgêsipun kacathêt ing buku, kirangipun saking rêgi f 150 wêwah prangko 10 sèn, langkungipun saking samantên, wêwah malih 10 sèn, sarta ing nginggil kasêrata "Aangeteekend zonder waarde" utawi waarde f 120

--- 683 ---

(seratus dua puluh rupiyah) manawi sêrat angêtèkên tanpa waarde ical, namung angsal têmpah f 25 saking kantor pos, manawi mawi dipun sêbutakên isinipun (aangegeven geldswaarde) dipun lintoni sapintên kathahing arta kang kasêbutakên ing ngriku, ananging kalampahanipun salêbêting sataun sasampune katindakakên papriksanipun.

Sêrat angêtèkên ingkang mawi aangegevengeldswaarde sawingkinging amplop kêdah dipun lak miturut agêng aliting amplop, têbih cêlake gongganganing lak botên kenging langkung saking 7 c.M. lan malih manawi prangkonipun langkung saking satunggal, pamasangipun kêdah kagodhag, apêsipun 1 c.M.

Manawi nampèni angêtèkên isi arta (aangeteekend met geldswaarde) ingkang langkung saking f 150

--- 684 ---

botên kenging wakil, kêdah dhatêng piyambak dhatêng kantor pos.

Sêrat panggilan (tarikan) kêdah dipun tandhani tangan mawi mangsi.

Pos wisêl (Postwissel) tiyang ngintunakên arta lumantar pos wisêl, botên kenging langkung saking f 1000 manawi mêdal kantor pos pitulungan (Hulppostkantoor), kathah-kathahipun namung f 250 rêgining blangko pos wisêl 2 sèn, lajêng sinêrat dening ingkang ngintunakên, waragadipun 12½ sèn, tumrap sabên arta f 25 utawi kirang.

Pos wisêl telgrap (telegraflschepostwissel) dumugi f 500 sabên f 25 waragadipun 12½ sèn, wêwah waragading tèlêgram.

Pos pakèt (Postpakket) tumrap ing pulo

--- 685 ---

Jawi tuwin Madura, sabên wawrat dumugi 1 K.G. waragadipun 60 sèn, langkung saking 1 K.G dumugi 3 K.G. 80 sèn, langkung saking 3 K.G. dumugi 5 K.G 1 rupiyah, langkungipun saking 5 K.G. botên sagêd katindakakên ing pos pakèt.

Pos pakèt tumrap ing tanah sabrang sabên wawrat dumugi 1 K.G. 1 rupiyah, 1-3 K.G. 1 rupiyah 40 sèn. 3-5 K.G. 1 rupiyah 75 sèn.

Pos pakèt dhatêng nagari Walandi, sabên wawrat dumugi 1 K.G. 1 rupiyah 37½ sèn, 1-3 K.G. 1 rupiyah 87½ sèn, 3-5 K.G. 2 rupiyah 37½ sèn, manawi bungkusan agêngipun langkung saking 25 dM². sarta wawratipun langkung saking 5 K.G. botên dipun tampi, manawi barangipun panjang, kados ta têkên, songsong, panjangipun botên kenging langkung saking 1 M.

--- 686 ---

salêbêting bungkusan botên kenging dipun sukani sêrat.

Tèlêgram (Telegram) satêmbung 10 sèn, nanging satèlêgraman botên kenging kirang saking 50 sèn, 3 têmbung ugi kapetang 50 sèn, manawi têbihipun langkung saking 75 K.M. satêmbungipun 20 sèn, sarta satèlêgraman botên keging kirang saking 100 sèn, manawi nglangkungi sagantên, waragadipun langkung saking ingkang kasêbut nginggil.

__________

--- 0 ---

[Dua halaman kosong]