Babad PB V, VI, saha Kramanipun Dipanagaran, Suradikrama, 1930, #1119 (Pupuh 01–14)

Judul
Sambungan
1. Babad PB V, VI, saha Kramanipun Dipanagaran, Suradikrama, 1930, #1119 (Pupuh 01–14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad PB V, VI, saha Kramanipun Dipanagaran, Suradikrama, 1930, #1119 (Pupuh 15–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 22-09-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Punika Sêrat Babad Ingkang Sinuhun Kaping Gangsal Kaping Nêm Saha Kramanipun Dipanagaran, 1861

[...]

R. M. H. Suryaningrat

--- 1 ---

1. Kinanthi

1. kanthi pangriptaning kidung | turutan pêthikan sangking | Rajawedha kang wus dadya | sudarsananing paraji | ingkang bawani bawana | saidêring nungswa Jawi ||

2. misuhur kasusra kasub | kotamane sri bupati | pibaladiSurakarta | bisikanira narpati | kang Sinuhun Jêng Suhunan | Pakubuwana Senapati[1] ||

3. Ngalaga Ngabdurahmanu | Sayidin Panatagami | kaping gangsal Surakarta | nalikane amèngêti | Rêjêp tanggal kaping tiga | Jimakir dèn sêngkalani ||

4. slira putra ngèsthi ratu |[2] warnanên sri narapati | kang sinuhun jêng suhunan | dènira gêrah wus lami | ing warsa Je tinêngêran | malik gati swarèng bumi |[3]|

5. ri Sukra ping wolu likur | nuju ing wulan Dulkaji | wanci jam sadasa siyang | surud dalêm sri bupati | gègèr otêr jroning pura | para putra manjing puri ||

6. lawan risang nindya nung[4] | Risdhèn Andrik Magêlapri | Pangeran Mangkunagara | ya ta layon sampun suci | kapanjingkên pan kesawa | inguparêngga tulyasri ||

7 tuwan risidhèn wus mêtu | lan Pangeran Adipati | Ariya Mangkunagara | Pangeran Buminatèki | kalawan putra santana | tugur samana byar enjing ||

8. para punggawa supênuh | para wira nung miranti | Pangeran Mangkunagara | saputra santana sami | lumêbêt marang jro pura | gya budhal layon narpati ||

9 urmat drèl monggang gumuntur | binarung panjriting tangis | mariyêm munya gunturan | lampahira lumastari | kunêng kang wontên jro pura | Pangeran Buminatèki ||

10. risdhèn lawan manindya nung | kangjêng pangeran ngabèi | Kangjêng Pangran Purubaya | lan kang raka myang parari | tugur wontên jroning pura | myang sagung para bupati ||

11. ngantosi wangsulanipun | sêrat kang dhatêng Batawi | kunêng gantya winursita | sêrat wus praptèng Batawi | katur ing gupêrnur jendral | sarêmbag lan rat pan Indhi[5] ||

12. nglastarèkkên wêlingipun | sang nata

--- 2 ---

kang wus sawargi | ingurmatan winangsulan | duta mêsat sampun prapti | nagari ing Surakarta | wulan Mukharam tanggal ping ||

13. wolu ing Dal warsanipun | candrama dèn sêngkalani | janma gati swaraningrat |[6] Jêng Tuwan Drik Magêlapri | tandya umanjing ing pura | dhawuh samapta miranti ||

14. pêpak punggawa wira nung | Kangjêng Pangran Adipati | Mangkunagara saputra | santana umanjing puri | tuwan risdhèn ondhang-ondhang | kalamun sang narpa siwi ||

15. jinunjung mangkya jêjuluk | Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amangkunagara | sudibya rajaputradi | narendra ing Ngaksigănda | muphakat urmat awrêdi ||

16. drèl mariyêm tri gumuruh | tamtama miji pinilih | carangan drèl ing jro pura | wadya jawi animbangi | jêng tuwan risidhèn mêdal | bibar sagung kang anangkil ||

17. bupati mantri atugur | nèng bale watangan sami | jêng gusti pangran dipatya | tandya kondur marang puri | pradikan sami tuguran | mas pangulu kêtib modin ||

18. ing dalu datan winuwus | nuju dintên Soma enjing | ping sănga wulan Mukharam | maksih Dal sangkalèng warsi | janma tinata swarèngrat |[7] punggawa pêpak miranti ||

19. wontên lêbêting kadhatun | risidhèn pangran dipati | Mangkunagara kalawan | putra santana sumiwi | langhir militèr amtênar | tuwin radèn adipati ||

20. kaliwon mantri tumênggung | pêpêkan wontên pandhapi | tuwin kang putra santana | samana pangran dipati | miyos sangking dhatulaya | risdhèn mêthuk tandya nganthi ||

21. sapraptaning pandhapi gung | jêng gusti pangran dipati | lênggah madyaning pandhapa | pinarak amparan rukmi | putra santana kang warna | sadaya lênggah ing kursi ||

22. risthèn[8] nandukakên dhawuh | guprênur jendral Batawi | lan rad pan Indhi sadaya | ing mangke pangran dipati | kaangkat jumênêng nata | gumanti kang rama swargi ||

23. angrênggani ing kadhatun |

--- 3 ---

jêjulukirèng narpati | Suhunan Pakubuwana | Senapati Ngalaganing | Sayidin Panatagama | Kaping Nêm Surakarta di ||

24. tandya urmat drèl gumuntur | upacaraning narpati | wus kasrah sri naranata | tandya miyos ing sitinggil | lênggah ing bangsal witana | santana sêpuh nèng kursi ||

25. wau risang manindya nung | lan sagung para bupati | sampun tinimbalan minggah | sitinggil samya ngabêkti | myang sagung putra santana | salaman kang nèm ngabêkti ||

26. tandya têdhak sang aprabu | kirab ngidêri cêpuri | ginarbêg wadu wandawa | samêkta busana asri | atab tembak pinggir marga | janma kang sami ningali ||

27. jawining cêpuri têpung | sang nata kondur mring puri | minggah pandhapi satata | sawusnya ngunjuk kaping tri | tuwan ridhèn pamitan[9] | lawan kang wa Kangjêng Gusti ||

28. Mangkunagara wus mundur | kunêng wus aganti ari | sang nata lênggah pandhapa | anampèni surat sangking | Ngayugya atur panglayat | surudira sri bupati ||

29. ingurmatan tri gumuruh | sawusnya sampurna pamit | tuwan risidhèn wus mêdal | sang nata kondur mring puri | kunêng bibar makajangan | wusing nêm căndra sang aji ||

30. dhawuhi sang manindya nung | samaptaning upakardi | sang natarsa palakrama | ngluluskên wêlingnya swargi | ingkang rama sri narendra | pinacangkên lan kang rayi ||

31. Dyan Ajêng Kusiyah sunu | kangjêng pangeran ngabèi | laminya tumut kang eyang | Pangeran Purbanagari | duk swargi kang wa sang nata | pinundhut wontên jro puri ||

32. dene ta ingkang anggadhuh | garwa paminggir narpati | Radèn Arya Dewabrata | kadunungkên gêdhong mungging | sakilèning prabayasa | wau ta ingkang winarni ||

33 sri bupati sampun dhawuh | dhatêng kang wa kangjêng gusti | Pangeran Mangkunagara | kang wayah dèn tarimani | Rahadèn Ajêng Kabibah | dhawuh ingkang rama swargi ||

34. dene badhe ijabipun [ija...]

--- 4 ---

[...bipun] | sarêng lawan sri bupati | dintên Akat ping patbêlas | ing wulan Jumadilakir | maksih sajroning warsa Dal | makajêngan pra bupati ||

35. rarênggane tan cinatur | samana pan sampun prapti | dintên Akat ping patbêlas | ubêkan sajroning puri | putra santana punggawa | sadaya sami sumiwi ||

36. tuwan risidhèn malêbu | kunêng wau kang winarni | Pangeran Mangkunagara | sampun samapta saabdi | tandya bidhal saha wadya | pangran arya nitik[10] wajik ||

37. dèn ayab ing punggawa gung | jinajaran pacarasri | munggang drèl munya gumêrah | praptèng loji dèn urmati | maryêm munya anggurnita | sampun prapta jroning puri ||

38. Pangran Mangkunagara wus | lajêng tumamèng pandhapi | kalawan pangeran arya | mas pangulu wus sumiwi | kêtip modin myang ngulama | sri bupati dadya wali ||

39. wus paragad ijabipun | ingurmat lan drèl mawanti | pangeran arya umangsah | angabêkti sri bupati | myang sagung para pangeran | kang sêpuh dèn ngabêktèni ||

40. sampun pinaringan dunung | Pangran Suryaprangwadani | wontên dalêm pamêthèlan | kunêng kangjêng sri bupati | samana pan sampun ijab | wali jêng pangran ngabèi ||

41. sampurnane sang aprabu | gya ijab garwa paminggir | putri putrane kang eyang | Kangjêng Gusti Mangkubumi | Radèn Ajêng Maknawiyah | kalih Radèn Ajêng Blênyik ||

42. Pangran Dinagara sunu | pinundhut garwa paminggir | sosoran sri padmiswara | kalih sami songsong kuning | Pangran Arya Buminata | kang dadya wakiling wali ||

43. Dyan Ajêng Blênyik puniku | kang rama ingkang malèni | Pangran Arya Dinagara | sampurna saliring kardi | urmat drèlira gumêrah | jawi lêbêt amawrêdi ||

44. tandya ngunjuk wantu-wantu | tuwan risidhèn wus mijil | putra [pu...]

--- 5 ---

[...tra] santana bibaran | tuwin rahadèn dipati | mundur dhatêng pakajangan | mantri punggawa wus mijil ||

2. Mijil

1. sri bupati kondur manjing puri | ingayap pra sinom | ing jro pura gumêrah swaranê | ingkang sami anata piranti | uparênggèng kardi | sadaya wus rampung ||

2. kunêng Makunagaran[11] winarni | sampun amirantos | pra punggawa yun mêthuk pangantèn | marang pura myang para prajurit | pangran adipati | Mangkunagara nung

3. sampun dhawuh budhalakên baris | tan antara bodhol | de kawarna asri busanane | găngsa rontèk tarab pinggir margi | dutèstri wus prapti | kerit mring kadhatun ||

4. pra punggawa tanapi prajurit | anèng sri pangantos | tuwin ngalun-alun panggenane | dan-edanan ing jagad Walandi | sampun amiranti | kang wadya sawêgung ||

5. pukul gangsal sontên amiranti | sri bupati miyos | agêm dalêm kadya miyos Sênèn | kanigaran urmat gumuruh tri | wus lênggah pandhapi | tuwan-tuwan pênuh ||

6. para putra santana sumiwi | pêpêk ing kadhaton | dyan dipati lawan sakancane | manindyanung kang dinuking liring | tanggap awotsari | lumèngsèr gya mêthuk ||

7. ing pangantèn kakung sampun kerit | praptèng ngarsa katong | sri bupati sampun dhawuhake | ingkang bakyu kinèn ngupakardi | sampun amiranti | pinaringkên gupuh ||

8. para punggawa sadaya sami | samaptèng kaprabon | para wira ingkang badhe dhèrèk | pangantyan wus mijil sangking puri | sang putri wus nitih | jêmpana kinurung ||

9. ingkang kakung nèng Mandhungan nitih | turăngga binarong | sinasotya abra busanane | lumaksana urmatnya mawrêdi | sapraptaning loji | maryêm gumaludhug ||

10. gègèr otêr tiyang kang kumèksi | ajorog-jinorog | yêl-uyêlan rare ting

--- 6 ---

jarêlèh | nèng ngêmbangan kasêsêk kapipit | tan atolèh dhiri | kadêrêng arsa wruh ||

11. kang manganggo brastha dèn ambili | marang bangsat nyêbrot | tèk-êntekan tan ana tinolèh | sangking dèn ta kayungyun myat gusti | sukanira ngênting | kang karêp calimut ||

12. tan kawarna kang sami ningali | pangantèn wus rawoh | ingurmatan gumuruh êdrèle | asêsugun pangran adipati | Mangkunagaradi | gupuh dènya mêthuk ||

13. ing pringgitan têdhaknya sang putri | dyan pinondhong gupoh | linênggahkên ngajênging patanèn | kadi Kumajaya lawan Ratih | sukanira ngênting | miya[12] mantu putu ||

14. nênggak waspa kemutan kang swargi | tan adangu miyos | ngancarani jêng tuwan risidhèn | manjing dalêm têtabean nuli | sawusnya gya mijil | kasukan anutug ||

15. tan adangu tuwan risdhèn pamit | laju mring kadhaton | praptèng pura pan lajèng sumiwèng | sri narendra kasukan saratri | dhangsah tandya ganti | pradăngga anganyut ||

16. pakajangane para bupati | nayuban gumuroh | lêlangêne mawarna karamèn | kunêng Mangkunagaran winarni | kasukan angênting | nayub tri gumuruh ||

17. andrawina lêladèn sumalin | sêdalu tan pêdhot | nganyut-anyut pradăngga swarane | sinindhènan swararum jalirit | mêrit garit ati | lêmpêng muluh rêmuk ||

18. pukul gangsal bibarira sami | mundur tandya bodhol | kunêng ingkang lagya mong pangantèn | kawarnaa kangjêng sri bupati | sapêkên nuju ri | siniwi ing wadu ||

19. wus alênggah nèng madyèng pandhapi | santana mabukoh | sri bupati tandya dhawuhake | ingkang garwa pinaring wêwangi | Jêng Ratu Mas mangkin | dene ingkang ibu ||

20. Kangjêng Ratu Mas sinung wêwangi | ing putra sang katong | Kangjêng Ratu Agêng jêjuluke | Dyan Ayu Nèm Radèn Ajêng Blênyik | ingkang bakyu nami | Radèn [Ra...]

--- 7 ---

[...dèn] Ayu Sêpuh ||

21. Dyan Ayu Arya Aprangwadani | nama Ratu Dhaton | pan sadaya wus kadhawuhake | amuphakat timbalan narpati | kangjêng sri bupati | kundur angadhatun ||

22. kawarnaa wontên duta prapti | sangking risang katong | ing Ngayogyakarta ngaturake | pasumbang kang sêrat dèn tampèni | kang kawrat ing tulis | reyal pitung atus ||

23. maesane sèkêt nênêm iji | kalih èwu tompo | langkung wolung atus ing bêrase | sarêm ampêr lan lisah kalêntik | cacahira sami | nyèkêt nênêm pikul ||

24. surat nata sampun dèn urmati | drèl maryêm gumuroh | ngunjuk kaping tiga tuwan risdhèn | nyuwun pamit tur tabe gya mijil | sagung pra bupati | sadaya wus mundur ||

25. sri bupati jêngkar manjing puri | dèn ayap pra sinom | suka sugun tumingal gustine | para manis lam-lamên umèksi | tuwun[13] tanpa bukti | srinata nom bagus ||

3 Sinom

1. samana sri naranata | miyos lênggah ing pandhapi | ingayap para biyada | kang nămpa upacaraji | sami anom lêluwih | binusanan abra murup | para putra santana | cakêt dènira sumiwi | parawira jirab anèng palataran ||

2. misudha kadang narendra | bandara Dyan Mas Buyamin | nama Pangran Suryabrata | Bandara Dyan Mas Sangadi | Pangran Natabratari | Radyan Mas Monada jêjuluk | Pangran Natadiningrat | radèn mas wêwangi[14] | Kangjêng Pangran Ariya Săntakusuma ||

3. Bandara Dyan Mas Subarja | Pangran Kusumabratèki | Bandara Dyan Mas Yahuda | Pangran Pringgakusumèki | Radyan Mas Mangun nami | Pangran Suryaningrat wau | Radyan Mas Samadiman | Pangeran Sindusenèki | Dyan Mas Karman Pangran Panji Suryapura ||

4. Radèn Mas Salamêt nama | Pangran Suryakusumèki | muphakat para punggawa | dhawuh timbalan narpati [narpa...]

--- 8 ---

[...ti] | tandya kerit mring loji | tundhuk têtabean sampun | lan risdhèn wus pamitan | sapraptane ing jro puri | angabêkti marang ing raka sang nata ||

5. sadaya tampi ganjaran | sagunging kang para ari | kang wus pinacak satriya | busanarta sasotya di | kunêng gantya winarni | wus lami antaranipun | sang nata dènya krama | wontên santananing ari | Radèn Rara Sujinah putra mênangan ||

6. pinundhut raka sang nata | kinarya garwa paminggir | katur tandya winisudha | mring kangjêng sri narapati | kapatêdhan wêwangi | Radèn Ayu Tejaningrum | dahat dènya sinihan | ing mangke nata Garini | Jêng Ratu Mas lan paminggir tan pisah[15] ||

7. lamun umarêk sang nata | Kangjêng Ratu Mas rumiyin | Dyan Ayu Sêpuh ing wuntat | Dyan Ayu Nèm numêr katri | ingkang mungkasi wuri | Radèn Ayu Tejaningrum | sabên rina tan kêndhat | tinimbalan sri bupati | lênggah wontên ing kamar agêng adhahar ||

8. ri ratri sri naranata | rêmên olah ing ajurit | yasa palu rante tosan | tan kêndhat kaagêm main | kangjêng sri narapati | sura rosa wirèng kewuh | wasis main sabarang | yèn nuju dintên marêngi | Akat miyos larman lun-alun pêngkêran ||

9. para putra santonendra | kang karakêt sabên ari | Jêng Pangran Kusumayuda | Pangeran Natapurèki | Pangran Natakusumèki | yèn larman lun-alun kidul | main pêdhang ambandhang | myang sagung para prajurit | sri narendra rêmên pratingkah ngayuda ||

10. karêm laki tarak brata | datan kêndhat ari ratri | cêgah dhahar lawan nendra | yèn dalu ngidêri nagri | lawan para prajurit | wahana kuda sadarum | patrolan myang pajagan | ingkang kalangkungan sami | lamun datan tilêm sadaya ginanjar ||

--- 9 ---

11. ingkang sampun sami nendra | kapidana dèn tatrapi | dhèrèk lumampah saparan | lumajêng nututi wajik | kalamun sampun prapti | kamandhungan kinèn wangsul | sarta tampi ganjaran | arta lawan busanadi | mila kasbut Jêng Suhunan Banguntapa ||

12. tuwin lamun apêpara | têdhak dhatêng Wanagiri | datan amawi punggawa | mung abdi dalêm prajurit | nadyan banawi banjir | datan arsa nitih prau | laju nabrang kewala | titihan sri narapati | ingkang têlês amung andhaping kêkapa ||

13. kadi lumampah dharatan | kalêrês bangawan banjir | tan wontên sangsayanira | sampun rawuh kidul kali | suka dènya ningali | abdi dalêm ingkang jêgur | sabrangan dhusun Ngrantan | kathah kenthir dening warih | ngantos dugi pinggir kasanga Nusupan ||

14. nanging pra sami raharja | pangèstu dalêm sang aji | ingkang numpak lawan kuda | sadaya sami basuki | mung panganggene sami | kathah murca dening ranu | sinjang tuwin salebrak | sang nata maksih ngantosi | kalêmpake wadya prajurit sadaya ||

15 dahat suka wardayèndra | ningali para prajurit | kang sami kecalan sinjang | dadya paguywan samargi | lampahira lêstari | panambangan Ngutêr rawuh | lajêng gêbyur kewala | samantara sampun prapti | imbang kidul wus sami mêntas raharja ||

16. tandya bidhal sêsandêran | sarawuhing Wanagiri | kèndêl ngasokakên wadya | kondur dalêm sampun ratri | rawuh ing dalêm puri | nampèni ganjaran agung | arta tuwin busana | mila sagunging prajurit | lulut asih marang kangjêng sri narendra ||

17. kunêng samana wus lama | dènira jumênêng aji | apan wus antuk sawarsa | tuwan risidhèn aganti | Pansiwên Ogên wangi | Parlop tan kongsi sataun | warsa

--- 10 ---

Be wulan Sapar | caksa wisa swara tunggil |[16] Risdhèn Magêlapri malih kang gumantya ||

18. samana sri naranata | padudon lan pramèswari | wus pasthi karsèng Hyang Suksma | bilih jodho amrandangi | sri padmiswara pamit | arsa tuwi rama ibu | rawuh ing pangabean | tan arsa kondur mring puri | sawatawis dintên sri narendra têdhak ||

19. sampun kapanggih lan garwa | rinarêpa dèn paripih | supados kondur mring pura | ingungkih mêksa tan kongkih | wasana tan kadugi | angladosi sang aprabu | rinapu paksa wangkal | gya mutung kondur sang aji | enjingira wadana èstri dinuta ||

20. mundhut namane kang garwa | mangkya pinaring wêwangi | kasbut jêng ratu bêndara | dene talak lan mas kawin | sampun dipun paringi | kang nêdhakkên mas pangulu | nunggil Bê wulan Sapar | samana sri narapati | amisudha garwa paminggir tetiga ||

21. Dyan Ayu Sêpuh anama | Kangjeng Ratu Mas kang rayi | Radèn Ayu Nom anama | Ratu Kancana utawi | Dyan Ayu Teja nami | Kangjêng Ratu Nèm puniku | apan sampun muphakat | santana punggawa mantri | paring priksa mring Batawi myang Ngayugya ||

22. kunêng wus lami sang nata | dhawuhi para prajurit | badhe têdhak apêpara | tandya sawega miranti | ampilan sampun mijil | laju têdhak sang aprabu | ing pukul pitu enjang | samya awahana wajik | lêlanjaran sampun rawuh dhusun Ngrantan ||

23. miyos sakilèning desa | ragi kapering manginggil | lêrês dhusun Ngarak-arak | kedhung panas dèn sabrangi | prajurit kang sapalih | umiring sapalih kantun | sang nata tandya nilap | singidan kêdhung tan kèksi | karsa dalêm nyoba prawiraning wadya ||

24. kunêng para wira prapta | bang kidul datan kaèksi | gupita wangsul têtanya | kang dèrèng nabrang mangsuli [mang...]

--- 11 ---

[...suli] | katingal sangking ngriki | sang nata wus rawuh kidul | bilih têdhak dhukuhan | gya laju sagung prajurit | praptèng dhusun Ngarak-arak tan kapanggya ||

25. dèn ubrês kiwa têngênnya | tiyang dhusun dèn takèni | datan wontên kang uninga | têdhakira sri bupati | samya èmêng ing galih | ngantos ngajêngakên bêdhug | kang wontên lèr bangawan | samantarantuk pambudi | gya ngaturi uning mring buminatan[17] ||

26. tan adangu sampun prapta | tundhuk nêmbah matur aris | pukulun atur uninga | wayah dalêm sri bupati | duk pukul pitu enjing | pêpara têdhak mangidul | lêrês ing kêdhung panas | panabrangnya sri bupati | abdi dalêm prajurit sapalih nabrang ||

27. praptèng dhusun Ngarak-arak | wayah dalêm tan kaèksi | ingulatan dèrèng panggya | inggih kantos sapuniki | jêng pangran duk miyarsi | agupita tandya dhawuh | angambili turăngga | rampung kangjêng gusti nitih | praptèng Ngrantan dalu prênah kang kamargan ||

28. ingkang wayah sri narendra | apan sampun dèn aturi | gya têdhak saking turăngga | katgadèng manjing banawi | datan dangu kapanggih | kalawan wayah sang prabu | maksih manggung nèng kuda | datan têlês dening warih | tandya matur Jêng Pangeran Buminata ||

19. punika karsa punapa | têka kulina ing warih | sang nata mangsuli sabda | datan wontên kang sun purih | nyoba wadya prajurit | bokbilih wontên kang punjul | uninga dhatêng kula | tuwin sagêd manjing warih | mèsêm matur laju mêntas sakalihan ||

20. sampun rawuh ing dharatan | gawok kang sami ningali | de tan wontên labêtira | lamun mêntas sangking warih | jêng pangran sampun nitih | turăngga sang nata kondur | wanci pukul satunggal | rawuhira dalêm puri | pamit mundur Jêng Pangeran Buminata ||

21. kunêng gantya winursita | Mangkunagara ginupit | Pangeran [Pa...]

--- 12 ---

[...ngeran] Natakusuma | mantu dalêm kangjêng gusti | lagya pêputra kalih | putri kang satunggal kakung | Pangeran Prangwadana | ipe dalêm sri bupati | ingkang putri dhaup Dipati Trêbaya ||

22. Dipati Natadiningrat | lêrêsipun laki kaki | nak-sanakipun kang eyang | samana pinuju ari | Pangran Natakusumèki | arsa linggar ambêburu | marang ing wanalapan | mung bêkta dasih sakêdhik | tuwaburu tan pisah arêruntungan ||

4. Pocung

1. sawega wus wahana turăngga laju | anjog wanawata | laju mangalèr maripit | dasihira sami anggosok manjangan ||

2. amung kantun tuwaburu kang tumuntur | blêmbêm ngalèr ngetan | anjog ing dhusun Ngrumbulpring | tanah Watuburik mangilèn lampahnya ||

3. tandya anjog jurang singgrong siluk singup | ingkang tinarajang | tuwaburu matur aris | adhuh gusti sampun narajang punika

4. wingit langkung têlêng kabuyutanipun | Dyan Bathari Durga | nama Setragăndamayi | gih punika têlêngipun wanalapan ||

5. nanging lalu pangeran arsa andulu | gèning kabuyutan | grêma tandya dèn apusi | mangidula nitika goning manjangan ||

6. tuwaburu wus pisah pangeran laju | manjing wanalapan | samantara ana kèksi | kang manjangan wulung agêng sakêmbaran ||

7. Jaramaya Rinumaya kang ambidhung | pangran duk tumingal | kayungyun rêna ing galih | sinanjata manjangan langking aniba ||

8. pangran limut sakêdhap salin pandulu | katon kurantara | udyana kawuryan asring | sampun manjing pangeran tandya tumingal ||

9. wanodyayu endah kêkalih amêthuk | satata trêpsila | makidhupuh têmbung manis | dhuh pukulun lampah kawula dinuta ||

10. eyang dalêm Nata Setrigăndamayi | Hyang Bathari Durga | jêng paduka dèn timbali | sampun kérut pangeran tandya tut wuntat ||

11. lumastantun [lu...]

--- 13 ---

[...mastantun] saksana kairit malbu | wontên katingalan | mane ujwala nêlahi | Hyang Prêmuni lênggah patmasana rêtna ||

12. cahyanipun kadya baskara umancur | nabda marunasta | banjura parêk lan mami | ywa rêringa yèngsun eyangmu priyăngga

13. pangran laju marêk lênggah awotsantun | Hyang Prêmuni nabda | marmèng sira sun timbali | sawadine sira jumênênga nata ||

14. mêngku sagung lalêmbut warananingsun | jim pêri prayangan | anèng jagad sunyaruri | tan prabeda lawan jagad paramean ||

15. sira kulup wus pasthi karsèng Hyang Agung | muni dhagêl ingwang | lamun sira angratoni | pra lalêmbut anèng ing jagad siluman ||

16. pangeran wus tan sawala nut pituduh | sumarah sakarsa | lumèngsèr Sang Hyang Pramuni | karatone wus kasrah marang pangeran ||

17. kunêng wau gantia ingkang winuwus | tuwaburu ingkang | kapisah lan pangran uni | sampun antuk panikad manjangan kathah ||

18. tandya wangsul marang panggenaning dangu | pangran tan katingal | kantun turăngga kang maksih | kinarung nèng ngandhaping kajêng karoya ||

19. katarka wus kangjêng pangeran akerut | kenging paekanya | dening Sang Hyang Durga Dèwi | gya ngondhangi têtiyang desa-ngadesa ||

20. bêkêlipun Blêmbêm watu burik wau | bêkta sikepira | tundhuk sampun dèn jarwani | samya ngungun janma sinêbar ngupaya ||

21. jurang singgrung guwa pêpèrèng garumbul | sadaya jinajah | wus tita tan antuk titik | pikumpulan rêmbag ngaturi uninga ||

22. tuwaburu sakancanya sami mantuk | tan adangu prapta | sampun matur marang gusti | katur purwa madya wasananing putra ||

23. dahat ngungun kangjêng gusti dangu jêtung | ingkang garwa pangran | kadya pêjah tanpa kanin | ing wasana samya pinupus ing driya ||

24. ing pêpasthèn kodrat karsaning Hyang Agung |

--- 14 ---

datan kênèng selak | manungsa darma nglakoni | korbanira kyai dhalang kang amayang ||

25. kang winuwus gantya kang pinurwèng kidung | gancarkên carita | Pangran Natakusumari | ingkang nama Pangran Arya Diwijaya ||

26. ing puniku jêng pangeran lagya angluh | miyarsa pawarta | Pangran Natakusumèki | ambêbêdhag musna anèng wanalapan ||

27. dahat liwung rêntênging tyas nandhang wuyung | datan arsa dhahar | tan arsa dèn usadani | sawatawis dintên jêng pangeran seda ||

28. wayang-wuyung duk samana kalihipun | Jêng Gusti Pangeran | Dipati Mangkunagari | dènya putra kalih pisan sami rondha ||

29. layonipun rinênggasri budhal sampun | tilar putra astha | sampun katur sri bupati | Dyan Mas Bêkti putra sêpuh winisudha ||

30. gumantya wus lênggahing rama kang surut | nama Pangran Arya | Diwijaya kaping kalih | ari tiga winisudha ingkang eyang ||

31. Arya Sumadiningrat ingkang panggulu | Arya Găndasuma | kang pamadya ingkang rayi | sinung nama Ariya Găndawardaya ||

32. kunêng wau ing prakara ge winuwus | Tumênggung Jèngrana | sakit kalajêng ngêmasi | sampun katur ing kangjeng sri naranata ||

33. atma jalu kang kêkalih nguni katur | wus suwitèng nata | kala sawargi sang aji | Jêng Suhunan Pakubuwana ping gangsal ||

33. [18] kang asêpuh pinundhut marang sang prabu | dadya Ordênas Kan | winisudha sinung nami | Radèn Atmarana dene kang taruna ||

34. pan pinundhut magang risang narpasunu | gusti jêng pangeran | angabèi wus kinardi | Răngga Usar nama Dyan Surawirana ||

35. duk ing dangu nalika timur sang prabu | yèn têdhak gêdhong Kan | winawasa dèn grênêngi | sabdanira măngsa jumênênga nata ||

36. dahat digung tan ngupama putrèng ratu [ra...]

--- 15 ---

[...tu] | ngucap siya-siya | mila duk jumênêng aji | Atmarana winêdalkên sangking pura ||

37. pinapatuh tan kênèng ngambah jronipun | kori brajanala | pinidana ing narpati | satilare Dyan Tumênggung Jayèngrana ||

38. karsèng prabu ingkang gumanti tumênggung | kang nèm Surarana | winisudha dèn paringi | nama Radèn Tumênggung Martanagara ||

39. kunêng wau karsa dalêm sang aprabu | anyoba prasapa | wontên atmajanirèki | Kyai Jimat Nglawiyan bagus taruna ||

40. pan jinunjung winisudha ing sang prabu | nglurahi urdênas | sampun winungan[19] wêwangi | Undêr Mayor Dyan Panji Krêtawinata ||

41. dahat agung sihira kangjêng sang prabu | langkung pinarcaya | sarêng wus antara lami | sri bupati nyêngkêr wanudyayu endah ||

42. pan kagadhuh lurah Tembong lamènipun | Dyan Atmasupaya | yèn ratri sumiwèng puri | datan pêgat sang nata têdhak Tembongan ||

43. wêktu iku sêngkêran dalêm sinlimur | Dyan Krêtawinata | yèn prapta mindha sang aji | datan siwah panganggène lan sang nata ||

44. kunêng dalu punika ingkang winuwus | Dyan Atmasupaya | nèng jro tyase kêtir-kêtir | kasambadan wus dangu miyarsa warta ||

45. lamun dalu sring wontên mindha sang prabu | lumèngsèr gya mêdal | praptèng wisma ngintip kori | Radèn Krêtawinata sampun karasa ||

46. tandya mêtu pêdhangira wus dèn unus | jumangkah ing lawang | nyabêt pêdhang gya lumaris | Dyan Sêpaya kapicondhang bau kanan ||

47. pêdhang tiba Krêtawinata binujung | wus têbih singidan | anyalimpêt langkung tartip | sira Radèn Sêpaya maksih ngupaya ||

48. sampun dangu dèn upaya tan kapangguh | gya katur sang nata | sasolahtingkahing ratri | nênggih Radèn Apanji Krêtawinata ||

49. sang aprabu dhawuh [dha...]

--- 16 ---

[...wuh] pados nyinanipun | wus antara lama | gya mindha sang nata malih | pakumpulan anèng ing waringin kêmbar ||

50. rencangipun pinindha abdi sang prabu | nyangkêlit pêdhang mas | lumaksana animbali | mas pangulu kadhawuhan bêkta wedang ||

51. kèrit sampun sapraptaning alun-alun | patehan tan pisah | nèng tala mas teko bingsing | cangkir tutup piranti sarwa kancana ||

52. praptanipun sakidul waringin kurung | maksih ragi têbah | patêhan tinêdha maring | tiyang ingkang mindhani dalêm urdênas ||

53. sampun tundhuk Krêtawinata lumayu | patehan binakta | mas pangulu maksih linggih | marikêlu muka lir konjêm bantala ||

54. wus adangu dènya sumiwi pangulu | nilingakên swara | tan wontên bawaning janmi | tan sakeca mas pangu[20] manahira ||

55. gya manêmpuh tan rêringa arsa wêruh | majêng kêkesodan | lampah dhodhok ngirih-irih | praptèng ngisor waringin tan ana janma ||

56. gya manguwuh-uwuh marang rowangipun | wus prapta sadaya | bilah kasayaban mami | kagawokan angungun duk amiyarsa ||

57. laju katur marang risang manindya nung | rahadyan dipatya | nundaka ngupaya titik | lami-lami wus antuk pawarta têrang ||

58. Radèn Krêtawinata ingkang nyalimur | mung kacihnanira | rampadan myang teko bingsing | darbèkira pangulu sêmêmi ika ||

59. manindya nung atur uninga sang prabu | saliring prakara | purwa madya wasananing | wus kalilan cinêpêng Krêtawinata ||

60. pidana ing adil mijil ing kukum[21] | binucal ing sabrang | karsa dalêm sri bupati | ondêr mayor Dyan Panji Admadipura ||

61. kunêng wau wontên malih kang winuwus | Radèn Tumênggung Karta[22] | nagara apan ngêmasi | salowonge bupati ing kadipatyan ||

62. Angabèi Yasadipura jinunjung [ji...]

--- 17 ---

[...nunjung] | pinaringan nama | Tumênggung Sastranagari | bupati ing kadipatèn ngrangkêb lawan ||

63. nênggih dadya pujanggèng praja puniku | kliwon carik nama | Tumênggung Sastrapurèki | kliwon gamêl winisudha sinung nama ||

64. Dyan Tumênggung Kudajagadipurèku | nèwu gandhèk kanan | nama kaliwon wêwangi | nênggih Radèn Ngabèi Cakramênggala ||

65. ingkang kering winisudha namanipun | Dyan Ngabèi Praya | manggala jajar pinaring | nama duta winangun jajar kang kanan ||

66. pan winalik Mangunduta namanipun | panèwu nayaka | jêro tirja ingkang wingking | tuladhane Angabèi Tirtapraja ||

67. jabanipun êpa êla wingkingipun | ing tuladhanira | praja manggala ngabèi | kliwon kraton Ngabèi Cakradipura ||

68. nama Jayakaparak kanan puniku | kering awit pura | gêng pun ta Mangun Panumping | sèwu wăngsa mantri bumi awit rêksa ||

69. mantri gladhag anama braja sadarum | among ing Kratonan | wadana nama bupati | nênggih Radèn Tumênggung Prawirapura ||

70. Dyan Mas Arya Sumadiningrat wus sinung | nama Jadiningrat | Wirarêja dèn santuni | nênggih Radyan Tumênggung Kartadipura ||

71. Dyan Tumênggung Wiraguna sampun lampus | arine gumantya | Dyan Mangunjaya Ngabèi | nama Radyan Mênggung Prawiranagara ||

72. arènipun gumantya kaliwon sinung | anama Rahadyan | Ngabèi Mangunnagari | kunêng gantya kotamane Surakarta ||

73. kang winuwus Ngayugyakarta prajagung | ingkang winursita | Pangeran Dipanagari | yêkti sarêng nanging ganti cinarita ||

74. wus sataun dènira anahên wuyung | amanggung tirakat | guwa siluk dèn lêbêti | anrus brata dènirarsa natas nyawa ||

5. Mêgatruh

1. gya gothaka kang têbih wisma puniku | panggenan kang siluk wingit | kinarya sêtanungku[23] | mung ambêgta rêpat tri[24] | sarwa [sar...]

--- 18 ---

[...wa] langking sang wiranom ||

2. pilih janma kang udani sampun kondur | jujug Selaraja nêpi | mung yèn malêm Kêmis kondur | marang dalême majibi | mring garwa myang para sinom ||

3. pramilane para sêlir sami ngragum | awis atampi pêparing | ganjaran kênyêring kalbu | ingkang sawênèh sêlir ngling | ya ta lah gusti sang anom ||

4. pijêr anèng ing Selaraja kêkuwu | puniku asil punapi | akaku têmên tyas ingsun | ngong arang tampi pêparing | biyang lêmbing dahat ngorong ||

5. sun ombèni sawiyah-wiyah ing banyu | ingong uyupi pribadi | minggu datan arsa minum | yèn dudu gusti sang pêkik | kang ngombèni maksih ngorong ||

6. anèh têmên pangombene biyang lêstru | kancane gumuyu bêlik | kang antêng mèsêm tumungkul | kabanjur gonjakan sami | sêlir siji rada bancol ||

7. dhasar lucu kaduk sêmbrana acut[25] | yèn sêmbranan dhasar luwih | ingsun iki darma muwus | batine tan beda sami | bêngi padha ting paregol ||

8. lamun uwis dèn ombèni jintên turu | saratri datan ngalisik | arame sami gumuyu | kunêng sagung para sêlir | gênti ingkang winiraos ||

9. jêng pangeran tan arsa malbèng kadhatun | yèn sumiwi dhatêng ngloji | kalamun sampun pêpangguh | lan Mistêr Sêmisar nuli | sumiwi dhatêng kadhaton ||

10. panggih lawan ingkang ibu kangjêng ratu | tanapi putra sang aji | dangu anèng ing kadhatun | tumingal putra sang aji | lawan rare-rare awor ||

11. apan lagya mêng-amêngan prabu timur | lawan abdi alit-alit | anèng natar tri gumuruh | duk puniku sri bupati | yuswa kawan warsa klakon ||

12. ingkang uwa samana nimbali gupuh | êmban nyaoskên mangarsi | mring uwa tandya linangkung | dèn lus-lus mastakanèki | pangran waspanya drês miyos ||

13. èngêt ari

--- 19 ---

sang nata ingkang wus surut | putralit madêg narpati | wus dangu gya pamit mundur | kalayu sri narapati | sadaya êmban kang momong ||

14. tuwin ibu pramèswari inggih muruk | kinèn basa krama maring | Pangran Dipanagarèku | sang prabu timur umiring | basa rama sang akatong ||

15. ingkang putra sang nata binakta kondur | dhatêng Têgalrêja prapti | asar kondur mring kadhatun | liya dintên têdhak malih | lawan kang ibu sang katong ||

16. pan trakadhang têdhak lan eyang jêng ratu | trakadhang têdhak pribadi | mangkana salaminipun | samana sri narapati | lawan kang uwa agolong ||

17. ya ta wau gêntia ingkang winuwus | Danurêja nindya mantri | kalangkung sungkawèng kalbu | Risidhèn Sêmisar mangkin | lan pangeran dahat golong ||

18. nimbali[26] Wiranagara wus rawuh | ngandika radèn dipati | adhi paran rêmbugipun | yèn awèt makatên niki | pangran lan risidhèn golong ||

19. datan eca kula lan adhi puniku | amêngku praja Mantawis | wontên ingkang nungkak nyandhung | yêkti-yêkti tan sagêd sakapti[27] | Wiranagara turnyalon ||

20. yèn kaparêng atur kawula puniku | Pangeran Dipanagari | inggih pinuriha nêpsu | supados sakit kang galih | lan risidhèn supados doh ||

21. dyan dipati kasbadan tyas manthuk-manthuk | inggih adhi benjing-enjing | risidhèn sami dèn ipuk | supados luntur ing galih | lah dawêg prayogi saos ||

22. lan pun adhi prayogine inggih tumut | sowan dhumatêng ing loji | tuwan risidhèn binujuk | ing dalu rêmbag wus dadi | enjing dyan dipati saos ||

23. lawan Mayor Wiranagara tumuntur | asarêngan manjing loji | lawan risidhèn wus pangguh | lênggah satata nèng kursi | dyan dipati matur alon ||

24. kula atur uning arsa damêl [da...]

--- 20 ---

[...mêl] lurung | nambahi arjaning nagri | tuwin putranta sang prabu | bilih wus diwasa benjing | sayêktine kêrêp miyos ||

25. jroning praja nitih kareta puniku | putêr angidêri nagri | dene kaping kalihipun | tiyang lit lêbêting nagri | kang sami kulinèng dodol ||

26. palakirna wêdalipun sangking dhusun | kang badhe kula adani | ing pêkên Kuncèn puniku | lêrês sakilèn nagari | mangidul trus ngardi anjog ||

27. ing patogan pandhawa têrus mangidul | Silarong pijènan nuli | ngidêr Paraga jogipun | têpang ratan ing sênèpi | lèring pasar Kuncèn anjog ||

28. nrajang dhusun ing Tompean laju têrus | mangalèripun dumugi | dhatêng ing Ngluwês jogipun | inggih dhatêng ing Têrining | nuntên margi agêng anjog ||

29. sayêktine nagri dados saenipun | sapanginggile prayogi | mupangati tyang lumaku | risidhèn mangsuli aris | iya yèn kaya mêngkono ||

30. ngo[28] jumurung kabèh rêmbug kita iku | nanging ta parêntah mami | anyuwuna lilahipun | Pangeran Dipanagari | manawa pangeran condhong ||

31. tindakêna kabèh rêmbug kita iku | yèn pangeran tan marêngi | wurungêna dèn ta atur | amijèni tan prayogi | sabab wus prajangji ingong ||

32. lan Pangeran Dipanagara satuhu | sapa kang awit ngalani | sayêkti tan nêmu ayu | Danurêja lêkas mami | poma dèn èngêt ing batos ||

33. kèh santana Ngayogya mung siji iku | pangêmongmu dèn abêcik | ywa nganti kataman rêngu | ya ta radèn adipati | kêju jêtung jrih ing batos ||

34. ya ta Mayor Wiranagara lon matur | jêng tuwan yèn wus marêngi | pakaryane margi agung | mugi paringa kintèki | pratăndha sampun rumojong ||

35. dados kenging dipun damêl saos atur | mring Pangran Dipanagari |

--- 21 ---

Mistêr Sêmisar agupuh | anundaka karya tulis | tan adangu sampun dados ||

36. sinungakên rahadèn dipati gupuh | saksana anulya pamit | tyasira acilik gunung | angrasa antuk piranti | praptaning dalêm agupoh ||

37. aparentah pasang anjir pan anêrus | sangking lèr mangidul nênggih | dyan dipati karsanipun | karya marga amarapit | nrajang kalangênan kêbon ||

38. patamaninira jêng pangeran wau | ingkang katarajang anjir | kang supaya dukanipun | kang supaya dadya margi | lan risidhèn aywa golong ||

39. sangking kêdhik dènira damêl rêridhu | dènya mrih rênggang puniki | lan risidhèn sampun kumpul | Pangeran Dipanagari | dènira akarya kêbon ||

40. anèng dhusun Tompean pan sampun pênuh | têtanêman amarnani | durèn manggis pakèl dhuku | pijêtan năngka kuwèni | gênitri jirak trêmbalo ||

41. myang liyane tanêman pêpak sadarum | ngandhap tinanêman asri | puspita kang arum-arum | myang kapulaga têgari | ing pungkuran puspitabyor ||

6. Pangkur

1. ya ta wau kawarnaa | dutanira radèn rêkyana patih | kang dadya manggalanipun | Radèn Bratakusuma | pasang anjir sangking pasar Kuncèn ngidul | tan mawi atur uninga | mring Pangran Dipanagari ||

2 ngalèr bênêr ana ngajang | ing Tompean tan paringa tandya apasang anjir[29] | juru kêbon wusnyandulu | arsa atur uninga | gurawalan sapraptanira ing ngayun | mêgap-mêgap daleweran | karingête matur aglis ||

3. gusti ulun tur uninga | yèn kagungan dalêm dhusun ing mangkin | Tompean sinipat anrus | badhe kinarya ratan | kalangênan dalêm katarajang anrus | samadyane ing udyana | gusti kang dipun anjiri ||

4. jêng pangeran duk miyarsa | turing dasih duka yayah sinipi | jaja bang asumung-sumung | kang

--- 22 ---

sarira dadya rah | nging sinamun pangandika manis arum | hèh sapa têtindhihira | wong kang padha pasang anjir ||

5. nêmbah juru kêbon turnya | abdi dalêm Bratakusuma gusti | mèsêm pangandikanipun | ladak Si Bratakusuma[30] | dhêdhêr angkuh mring manira tanpa têmbung | dumèh dutane Danurja | angladaki jênêng mami ||

6. bok iya têmbung maringwang | tandya dhawuh mring dasih wolu pinrih | ngrucat anjir kang dumunung | udyana lamun malang | ya Si Bratakusuma cêkêlên gupuh | tabokana ing wong kathah | tanggap ingkang sinungan ling ||

7. wotsari lumèngsèr mentar | praptaning gon anjir wus dèn rucati | Dyan Bratakusuma dulu | anjire rinucatan | dahat kurdha mrêpêki kang ngrucat wau | praptane suwara arda | dèn ta sura ngrucat anjir ||

8. Radyan Dipati Danurja | kang parentah pasang anjir puniki | Drêmajaya duk angrungu | bramantya amangrêpak | Bratakusuma sinêndhal sing kuda laju[31] | tibèng kisma tinabokan | kancanira anjêjêgi ||

9. busanane sinêbitan | kongsi dangu ingungsêbakên siti | mukane galuprut lêbu | sirahe reyab-reyab | kongsi limut tandya dèn culakên gupuh | tangi mlayu nunjang palang | kudane tinilar gêndring ||

10. reyab-reyab julalatan | lir wong baring kadanurêjan prapti | tundhuk lawan manindya nung | kaatur purwanira | dyan dipati miyarsa ngungun anjêtung | dene dutane kinarya | pangewan-ewani janmi ||

11. dyan dipati ciptanira | lah ta iki sun olèh marga bêcik | laju mring loji wus cundhuk | lan Risidhèn Sêmisar | ngaturakên purwane ingkang tinuduh | pasang anjir kasangsaya | balindhis dipun taboki ||

12. ical sipating bupatya | yèn makatên Pangran Dipanagari | dhatêng ing paduka purun | Mèstêr Misar manabda | dyan dipati dhingin mula wêkas ingsun | sira atura uninga | lan Pangran Dipanagari ||

13. salahe Bratakusuma | tanpa cara dènira masang anjir | bênêr kang naboki iku | bupati kurang ajar | datan pantês sumiwi marang wong agung | atindak [a...]

--- 23 ---

[...tindak] sawênang-wênang | dyan dipati duk miyarsi ||

14. sabdane Mistêr Sêmisar | kanggêp ing tyas ajrih anulya pamit | kalilan samana mundur | praptane kapatihan | sungkawèng[32] sakiting priya kalangkung | kagagas saya karasa | ing batin inginggit-inggit ||

15. kunêng samana wus lama | manjing pura ri kala anujoni | pangran layat ratu ibu | gêrah kalajêng seda | Jêng Pangeran Dipanagara anuju | anèng kursi dènya lênggah | munggèng palataran masjid ||

16. Radèn Dipati Danurja | tinimbalan tan dangu praptèng ngarsi | kangjêng pangran ngandika rum | Danurêja kayapa | aprakara sawah Si Rêjawinangun | dijaluk marang Walănda | sira rampungi pribadi ||

17. datan wèh wruh marang ingwang | sabênêre radyan sira nuruti | karêpe Walănda iku | naria jênêng ingwang | bêcik têmên iya karêpira iku | akarya saramèng praja | tan kelangan antuk bêcik ||

18. Adipati Danurêja | lir ginubah tyasira têmah runtik | umatur alon asêndhu | kados pundi bêndara | yèn kawula ngêkahi Rêjawinangun | sintên ulun andêlêna | tan dhèrèk dhatêng Walandi ||

19. mila kula tan tur priksa | inggih awit dhawuh paduka nguni | botên karsa tumut-tumut | mênggah lampahing praja | ya ta pangran lir sinêbit karnanipun | jaja bang mawinga-winga | tingal dik mangondar-andir ||

20. kang idêp mangada-ada | kang sarira kumutug kadya agni | anyandhak canelanipun | madêg sing palênggahan | manabdarda Danurêja sira iku | dahat limut ing pawitan | marga sira dadya patih ||

21. lamun yyana[33] jênêng ingwang | apa sira bisa dadi pêpatih | Dipati Danurja matur | gusti badan kawula | dados patih Walandi ingkang anjunjung | kangjêng pangran duk miyarsa | kurdanira andhatêngi ||

22. sêngab sru dènya ngandika | jêr cocotmu Danurja datan bêcik | sarwi uwange sinampluk | dene agêm canela | kagyat nênga tutuke kêni tinapuk | tinula-tula ping tiga | kathah jalma kang udani ||

23. dahat merang ing wardaya | sanalika cipta [ci...]

--- 24 ---

[...pta] lali mring gusti | wus lami ing sêdyanipun | ing mangke jinêmalan | osiking tyas sapa wani mocot ingsun | lamun bêcik lan Walănda | sapa kang wani ing mami ||

24. Pangeran Dipanagara | măngsa dadak akên têki[34] | mumbul awor langit biru | măngsa ingsun erama | nadyan bisa arupaa buta sèwu | wus kagêgêm ngastaningwang | sumlap sêlaning dariji ||

25. samana lajêng bibaran | Jêng Pangeran Dipanagara prapti | ing Têgalrêja wus mangsuk | panêpèn Selaraja | Dyan Dipati Danurêja kang winuwus | sapraptaning dalêmira | dahat dènira rudatin ||

26. wus kasbut wakiling nata | luhur tênggak tutuk wang dèn kasuti | dahat merange tyas gidhuh | osiking kang wardaya | nêmah lina yèn Pangran Dipanagriku | misih nèng nagri Nyayugya | ya ta wau dyan dipati ||

27. kathah dènira rêruba | mring risidhèn sarta ngaturkên wadi | Pangran Dipanagri wau | tan sae sêdyanira | mring Walandi lamun dèn uja sakayun | datan sae wasananya | risidhèn datan anggalih ||

28. ature Dyan Danurêja | angèngêti dènira wus prajanji | dyan dipati saya sêngkut | dènya bangus Sêmisar | sabên ênjing dhatêng loji manindya nung | ta[35] lyan mung kawatiring tyas | mring Pangran Dipanagari ||

29. Sêmisar rinaja-raja | duk samana apatih tuk pambudi | binujuk pinurih wanuh | dhatêng nata dayita | kalaksanan pambangusê manindya nung | ywa kongsi bayantu rêmbag | lan Pangran Dipanagari ||

30. lan Mayor Wiranagara | kangjêng ratu mring Sêmisar bantoni | rinojong saaturipun | Dipati Danurêja | dènya bangus saya sêngkut manindya nung | tan suda raosing driya | risidhèn dipun pèpèti ||

31. tansah waon-winaonan | Dyan Dipati Danurêja puniki | lawan jêng pangeran wau | mangkya radèn dipatya | lan Sêmisar sakalangkung kanggêpipun | Pangeran Dipanagara | lawan Sêmisar bênggangi ||

32. tan patyarsa [pa...]

--- 25 ---

[...tyarsa] karakêta | karsanira jêng pangeran ing mangkin | sangsaya karêming ngèlmu | parentahing agama | yèn wong iku lair batinira têrus | yèn bêcik wêdi mring kopar | batal imanê tan dadi ||

33. tinampik marang ing Allah | jinabakkên umate kangjêng nabi | rajaputra karsanipun | donya kerat antuka | wus mangkana saya lami-lami wau | pangulu rahmani dina | sèlèh lelakonirèki ||

34. kang gumanti kêtibira | Mas Kamalodiningrat awêwangi | ingkang nêtêpkên pangulu | jêng ratu lan Danurja | tuwan risdhèn pangeran datan tinantun | muphakat para wadana | rajasiwi tan kinanthi ||

7. Kinanthi

1. kawarnaa narpa sunu | Pangeran Dipanagari | nangsaya alama-lama | karaos-raosing galih | pangulu lami sèlèhnya | wasana ingkang gumanti ||

2. pakaryane kangjêng ratu | kalawan rêkyana patih | ingkang ngidini Walănda | dahat sungkawaning galih | mungguh pangulu adêgnya | tan kêna ginawe patih ||

3. wajibe karya pangulu | ingkang esah angidèni | ingkang wus têtêp narendra | kang kocap ujaring dalil | saiki Si Danurêja | lan bok ratu ingkang kardi ||

4. lamun putrèngsun sang prabu | durung absah angidini | nêtêpkên gawe wilayah | maksih rare madêg aji | pan amung dadya warana | durung saadêge aji ||

5. bisane amloya-mlayu | nuruti sukaning galih | mung aywa ilang lurinya | kajaba jêng rama nguni | wus sah dènya madêg nata | agawea barang dadi ||

6. wus absah wilayahipun | iya pangulu kang dhingin | yèn iku aywa sèlèha | tan sumêlang ati mami | binalèkkên datan arsa | têmah pamit arsa khaji ||

7. rinapu ngakèh tan keguh | marmèng sak ingkang panggalih | awit kêrêp winasesa | kukume marang apatih | lami-lami datan bisa | ki pangulu anglakoni ||

8. ajrih benjing kênèng kukum | yèn prapta

--- 26 ---

ing jaman akir | sangsaya dahat kagagas | ing driya sang narpasiwi | èngêt dalil jroning towah | wilayahe kang ginalih ||

9. kalamun ta ana ratu | durung akil madêg aji | durung sah gawe wilayah | katêmuning pikir mami | pangulu iki durung sah | ningkahake wali kakim ||

10. anindakna marang kukum | durung sah prakara nagri | durung wilayahing nata | Danurêja iku patih | bok ratu dudu narendra | lamun mangkono saiki ||

11. bubrah anggêre kang kukum | nalimpang ujaring dalil | jêng pangran amungsawarat | lawan sagunging pra mukmin | mupakat para ngulama | sangsaya rêntang kang galih ||

12. tandya tur surat jêng ratu | mentar caraka wus prapti | surat tinampan binuka | sinuksma sajroning galih | kadriya têmbunging surat | nulya winangsulan aglis ||

13. nanging salah têmbungipun | pinaringkên duta aglis | nêmbah lèngsèr sampun prapta | Têgalrêja wus apanggih | surat tinampèn pangeran | binuka sinuksmèng galih ||

14. pangulu lami tan ayun | wus sèlèh aywa pinikir | sun isin ucaping jana | apan sampun dèn adêgi | tan uning rasaning kitab | dalil kadis tan udani ||

15. pan wus kaidèn puniku | mring risidhèn ing Mantawis | sampun tan wontên rinêmbag | prakawis sampun adadi | datan kenging ingowahan | sintên kang purun Walandi ||

16. sanadyan wania iku | mangsi sagêda mungkasi | ujêr kang darbe wawênang | wontên praja ing Mantawis | inggih samangke Walănda | têbih dhatêng dalil kadis ||

17. kanggêg tyase narpa sunu | myarsa wêkasaning tulis | surasane kang nawala | sêngak dahat anyayêngit | angandika narpa putra | bok ratu iki tan kêni ||

18. prajane pinrih ayu[36] | apa baya wus pinasthi | rusake prajèng Ngayugya | cêp kèndêl sang raja siwi | tan arsa amunasika | tan ana walang asisik[37] ||

19. wus lami ingkang winuwus | wong pinggir ingkang winarni | sagunging [sa...]

--- 27 ---

[...gunging] kang darbè anak | pra sami kèndêl lan laki | sadaya kakim walinya | ki pangulu datan wani ||

20. ningkahakên sadayèku | marang ing têtiyang pinggir | sawab punika boyongan | kawulane narapati | datan kêna aningkahna | wong ing pinggir wali kakim ||

21. ingkang ningkahakên ratu | mangke ratu dèrèng akil | dèrèng sah gadhah wilayah | sayêkti ewuh kang ngèlmi | dadya pangulu rêmbagan | lawan sagunging wong alim ||

22. sadaya rêmpêg kang rêmbag | Pangeran Dipanagari | sampun sah paring wilayah | paningkahe wali kakim | wong pinggir dalile kitab | rêmbag ngaturi udani ||

23. dhatêng jêng gusti jêng ratu | mijil sangking kyana patih | manjing pura sampun prapta | katur jêng ratu jurungi | ngungun kaduwung ing driya | dènira mangsuli tulis ||

24. tanpa rêringa satuhu | marma kagagas ing galih | wasana mangsuli sabda | iya dhawuhana nuli | si pangulu konnên seba | tumuli nyuwuna idi ||

25. têtêpe dadya pangulu | nyuwuna palilah dening | prakara paningkahira | wong pinggir kang wali kakim | Adipati Danurêja | lèngsèr praptèng wisma nuli ||

26. utusan marang pangulu | Kamalodiningrat nênggih | pêpak kêtib modinira | myang ngulama ingkang alim | limit munyêt mêmêt lamat | lir sela munggèng jro warih ||

27. yèn katiga mangsanipun | ramyang-ramyang sangking warih | tan katingal selanira | kalimput luputirèki[38] | nênggih kalamun inidak | lunyune anglêliwati ||

28. kaum tyase kadi wolu | muluk anèng ngawiyati | milang-miling amangandhap | maspadakkên pitik cilik | manawi pisah biyungnya | sinambêr sangking wiyati ||

29. mangkana budining kaum | kalamun micara ngèlmi | lir wolung muluk ngawiyat | silêming rat lir wus gaib | mubêng putêr wicaranya | calêkit angarah melik ||

30. parecetan kang winangun | lunyune kapati-pati | datan kêna [kê...]

--- 28 ---

[...na] dèn idaka | wicarane aniwasi | satuhune datan liyan | mamrih melik anggalêdhis ||

31. ya ta wau dutanipun | rahadèn rêkyana patih | rawuh ing surambi gêpah | pangulu dènya ngurmati | tandya dhawuhkên timbalan | kang sangking rêkyana patih ||

32. têrang sangking kangjêng ratu | pangulu andika tampi | dhawuhe rêkyana patya | andika seba dèn aglis | lan kabèh para ngulama | tuwin kêtib miwah modin ||

33. mring Têgalrêja puniku | kangjêng ratu angidini | ature para ngulama | kang sami murih basuki | Tuwan Risidhèn Sêmisar | wus kaparêng lan ngidini ||

34. dyan dipati wus jumurung | rêmbage sagung wong alim | rèhning sampun amupakat | dalilipun kitab pêkik | Pangeran Dipanagara | ingkang wajib angidini ||

35. punika putra kang sêpuh | mring Kangjêng Sultan Matawis | kang darbe waris nagara | ki pangulu Kamalodin | dhêku umatur sandika | lumawat karsaning gusti ||

36. tandya bidhal mas pangulu | ing Têgalrêja wus prapti | warnanên sang narpa putra | pinarak ngisor kumuning | pinarak sela gêgilang | waspadèng sang raja siwi ||

37. praptanira mas pangulu | sakancane pra ngulami | kinèn ngirid punakawan | wus kerit tumamèng ngarsi | gantya pangeran mangrêmpak | jawab[39] asta ganti-ganti ||

38. jêng pangeran ngandikarum | kadingarèn sira prapti | baya lamun ana karya | pangulu umatur aris | marikêlu dahat jrihnya | muka lir konjêm ing siti ||

39. gèn amba dados pangulu | wontên nagari Mantawis | sasulih nyêpêng agama | paningkahê tiyang pinggir | myang yatin kang tanpa bapa | wali kakim kang abranti ||

8. Asmaradana

1. ujêr jêng paduka gusti | kang wajib darbe Mantaram | sampun sah dalêm dalile | Pangéran Dipanagara | mèsêm duk amiyarsa | dhingin tungkul apa iku | datan ina sangking ingwang ||

2. ingsun wus ngaturi peling | layang ingsun [ingsu...]

--- 29 ---

[...n] winangsulan | dahat kasaru têmbunge | tan pantês dèn rungokêna | larane galih ingwang | praptèng dina iki ingsun | maksih jarêm katingalan ||

3. ewa mangkana saiki | pangulu ingkang supama | datan angidèni ingong | jênêng manira druhaka | dinukan ing suksmana | gadhangan sariraningsun | kalêbu wong nganiaya ||

4. ingkang kaya jênêng mami | jêng pangeran angandika | iya sun idini kowe | aran Kamalodaningrat[40] | dadya pangulu sira | anèng praja ing Mantarum | Ngayugyakartadiningrat ||

5. sun pasrah kukum agami | pangulu duk tampi dhawah | sujud sukur ing Hyang Manon | kêtib modin pra ngulama | anêksèni sadaya | sampun sah dadya pangulu | miturut printahe sarak ||

6. badal adêgira nguni | kang sangking radèn dipatya | ya ta jêngpangerangalihe[41] | padhang sumilak atêrang | nyipta nugrahèng Suksma | ing samangkin kang dhumawuh | tatane agama sarak ||

7. sasmita dhumatêng abdi | mijilakên dhêdhaharan | nulya sarêng dhahar kabèh | warata sagung ngulama | kêtib modin sadaya | sawuse bujana nutug | tan adangu lajêng bibar ||

8. sadaya suka kang galih | ki pangulu praptèng wisma | saksana lajêng lampahe | umarêk rêkyana patya | tan adangu wus prapta | Kapatihan sampun tundhuk | lan Dipati Danurêja ||

9. umatur rèhnya tinuding | ing purwa madya wasana | Dyan Dipati Danurjane | manggut mèsêm sêmu ewa | katarèng solah nitya | tata tita lamènipun | Pangeran Dipanagara ||

10. tan kèndêl dènya nênêpi | kadi ngadat saban-saban | utawi dènira maos | kitab Kuran miwah layang | gonta-ganti winaca | tan ewah sangsaya wuwuh | karsanira jêng pangeran ||

11. dènira brăngta ing ngèlmi | tuwin dadya sêsanakan | lawan pra ngulama kabèh |

--- 30 ---

kang sampun alim ngèlmunya | dèn tindaki pribadya | dhumatêng ing wismanipun | laju dhatêng masjid salat ||

12. narpaputra bêkta dhuwit | ringgit uwang miwah dinar | sinèlèh nèng masjid gène | tandya salat rajaputra | sakadar karsanira | trakadhang binuwang iku | anèng marga parapatan ||

13. lamun lumampah kapanggih | sujalma ingkang musakat | pêkir mêskin myang liyane | sami pinaringan arta | ya ta raja pinutra | tyasira saya kagugu | mring Dipati Danurêja ||

14. miwah mring Wiranagari | ginugu tansah kagagas | saya ngranuhi gêrahe | wardayanira pangeran | têmah osiking driya | yèn ta upama puniku | tan dèn ajani Sêmisar ||

15. mokal kalamun awani | akarya sawênang-wênang | nutuh sarirane dhewe | dhat èngêt wardayanira | puluh-puluh ta iya | ni bok ratu karsanipun | angubungi ing pratingkah ||

16. samubarang ing prakawis | Danurja Wiranagara | lan Sêmisar kang tinaros | puniki tan pisan-pisan | lamun kinarsakêna | Pangran Dipanagarèku | karantan wiranging driya ||

17. Si Sêmisar rina wêngi | manjing pura tanpa măngsa | katon têmên ing camahe | karaos praja Ngayugya | wus datanpa kajia | dadine nagara kumprung | rusuh tataning agama ||

18. awit Si Wiranagari | kalawan Si Danurêja | ngorak-arik gawe rusoh | tan pisan ngambah agama | Sêmisar wêruh apa | wong roro iku kang nuntun | bêbujuk marang Sêmisar ||

19. marmèng gêlêm sabèng puri | iya Si Mistêr Sêmisar | măngsa liyaa si bêthoh | iya ingkang gawe akal | sêsintrèn jêjaruman | iya marang ratu ibu | amung amurih kandêla ||

20. mila dahat ing rudatin | Pangeran Dipanagara | Danurêja panggawene | lanwan[42] sang sri padmiswara | asring

--- 31 ---

mlimpingi basa | pangeran supaya bêndu | wania dhatêng Walănda ||

21. ingkang kacathêt ing wingit | dayita lan Danurêja | Wiranagara katrine | dahat pamurihe mringwang | cêlaa lan Walănda | têmahan maro mratêlu | galihira jêng pangeran ||

22. rumăngsa bilih kawawi | ngêjur praja ing Ngayugya | sapa kang dèn andêlake | Danurja Wiranagara | bisaa dadi buta | anganggoa êndhas sèwu | măngsa ingsun gumingsira ||

23. ginêntur dènya martapi | Pangeran Dipanagara | kêkuwu anèng Salarong | awit angait wong desa | katingal gèsèhira | Mistêr Sêmisar wus wêruh | yèn Pangran Dipanagara ||

24. karsane gèsèh lan nguni | ya ta wau kang winarna | sawiji dina sang sinom | jêng ratu lênggah nèng pura | nimbali Danurêja | kèrit umanjing kadhatun | tinimbalan amangarsa ||

25. rahadèn rêkyana patih | marêk ing nata dayita | jêng ratu lon andikane | hèh Danurêja kaya pa | samêngko kang pawarta | Pangran Dipanagarèku | mungguh pamiyarsanira ||

26. ri ratri arang nèng panti | subrata amati raga | kulinèng guwa Silarong | baya ta karêpe ika | karsa madêg narendra | ngêndhih prajèng ing Mêntarum | yèn iku dadi karaman ||

27. abot sêngsangganèng[43] pasthi | katara ingkang pratingkah | manindya nung pamyarsane | sumêblak padhang tyasira | upamane trênggana | lami kalimput ing mêndhung | mangkya kasilir maruta ||

28. ima sirna langit barsih | trênggana katon anglela | têmah umancur sunare | kapinujon dhawuhira | lawan raosing driya | timbalane kangjêng ratu | wasana alon [alo...]

--- 32 ---

[...n] turira ||

29. akathah dènya mêwahi | ingatur datan sêmbada | sabab èngêt nalikane | tinapukan ing canela | lawan asring dèn ucap | dènya dadya patih iku | wit Pangran Dipanagara ||

30. ature radèn adipati[44] | dhatêng ing nata dayita | kados kasinggihan mangke | kawula miyarsa warta | gumrah ing tiyang kathah | putra dalêm sang binagus | Pangeran Dipanagara ||

31. badhe lêlanandon jurit | adalêm nginggil turăngga | tan arsa kungkulan mangke | inggih dhumatêng Walănda | nadyan sun dadya nata | tan arsa lamun kêwêngku | nênggih dhumatêng Walănda ||

32. punika sinêdyèng galih | pan botên arsa kaprintah | dhatêng ing kangjêng guprêmèn | dhawuhipun sring kawêdal | dhumatêng abdi kathah | duk miyarsa kangjêng ratu | andikane awor duka ||

33. matur malih kyana patih | timbalane kang wus mêdal | kadhawuhakên abdine | Lănda iki lawas-lawas | sayêkti saya ngrêbda | pasthi tèk bumi Mantarum | kabèh kêna mring Walănda ||

34. kula miyarsa pawarti | ature rencang kawula | mirsa piyambak rêmbuge | têngga regol damêlira | bapakipun punika | ngabdi pangeran pukulun | inggih wontên Têgalrêja ||

35. punika kang angsung warti | kalamun putra paduka | inggih asring dhawuhake | badhe mêdal karya kutha | wontên Silarong arga | ya ta wau kangjêng ratu | samana duk amiyarsa ||

36. pangandikanira aris | kalamun kaya mangkanaa[45] | gêdhe bangêt pangarahe | arsa angrata rat Jawa | tur măngsa nguwisana | mundhak gubrasipun iku | Danurêja yèn mangkana ||

37. sira mênyanga ing loji | tutura Mistêr Misar[46] | aywa kabanjur karêpe | yèn iku ngangsi kasèpa | datan wurung Ngayugya | gègèr têmahan ra-uru | pasthi abot sangganira [sanggani...]

--- 33 ---

[...ra] ||

38. Pangeran Dipanagari | linulutan marang janma | tan wurung glis kèh balane | kangjêng ratu èngêt ing tyas | cêp kèndêl dènya nabda | ajrih manawa kalajuk | dhawuhe marang Danurja ||

39. wasana ngandika aris | hèh Danurêja mêtua | padha pikirên bêcike | ya lawan Mistêr Sêmisar | yya[47] nganti tundha bema | dene bêcik pangrêmbugmu | kya patih nêmbah wus mêdal ||

40. sagunung kut sukèng galih | laju mring loji kewala | tan amampir mring dalême | lampahira sigra-sigra | panggih Mistêr Sêmisar | wusing tabe-tabe lungguh | anèng kursi jroning kamar ||

41. kyana patih matur aris | dinuta sri padmiswara | ngaturakên ingkang tabe | katur dhumatêng paduka | ing kaping kalihira | tuwan kawula dèn putus | kangjêng ratu paring pirsa ||

42. yèn Pangran Dipanagari | ing samangke arsa mêdal | karya pura nèng Silarong | sumêdya purun Walănda | badhe umadêg nata | rat Jawa arsa winêngku | wus amucung wadyakuswa ||

9. Pocung

1. siji dhawuh mindhak manak pitung puluh | Risidhèn Sêmisar | duk miyarsa tanpa angling | jroning driya atur puniku uninga ||

2. tan alimut dyan dipati aturipun | mila tan nênabda | sangking sih dhatêng apatih | kawratan sih mring Pangran Dipanagara ||

3. bibar sampun kunêng gantya kang winuwus | antara wus lama | Pangeran Dipanagari | sangsayarda tyasira sang rajaputra ||

4. wontên wadu kadhaton myang liyanipun | ngaturi uninga | ing samangke narpasiwi | wus katarka tan arsa sob Walănda[48] ||

5. narpasunu dahat sungkawaning kalbu | supe dhahar nendra | tandya nuduh marang dasih | Jamustapa kinèn nêpi mring Jimatan ||

6. makamipun Jêng Sinuhun Sultan Agung | apan andêdagan | mung bêkta rowang sawiji | sampun prapta ing dalêm malêm Jumungah ||

7. gya malêbu juru kunci atut [a...]

--- 34 ---

[...tut] pungkur | nama Kyai Balad | dènya dêdagan saratri | langkung asrêp dalu kathah kang rubeda ||

8. akumutug dupa andonga sadalu | ingkang muga-muga | kang sumare paring wangsit | awon sae pinaringana ngalamat ||

9. wêktu subuh samana Ki Balad wau | nyorog kuncènira | kang langse binuka aglis | duta kalih malêbêt linggih ing dagan ||

10. arêrêsik sarean Jêng Sultan Agung | kanan keringira | sadaya sampun barêsih | tandya lungguh adonga Jayamustapa ||

11. sarwi matur yèn dinuta narpasunu | sampurna turira | têngah langse dèn tingali | pan katingal ambrêbak awarni rah[49] ||

12. abang dhapur bundêr sapiring gêngipun | prênahe ingkang rah | têngah ing langse puniki | astananya Jêng Sultan Agung Mantaram ||

13. awas dulu wus waspada tandya mêtu | praptèng jawi tanya | dhumatêng ing juru kunci | kados pundi ing têngah langse wontên rah ||

14. punapa wus abang ing salaminipun | ngadat nguni mila | Ki Balad alon nauri | inggih kula gêtun ngungun duk uninga ||

15. ingkang abang ing wingking datan kadulu | wus karsaning Allah | bakale ing tanah Jawi | akathah kang badhe tumibèng nglêmah[50] ||

16. rusak ayu wus pinasthi takdiripun | tan kenging tinambak | kalamun praptaning takdir | tandya pamit mantuk Ki Jayamustapa ||

17. tan cinatur ing marga pan sampun rawuh | ngarsane pangeran | katur saliring tinuding | dahat ngungun duk myarsa ingkang carita ||

18. ngandika rum baya wus ing pasthènipun | bakal ana pêrang | talatah ing nungsa Jawi | akèh gêtih wutah tumiba ing kisma ||

19. nadyan wiku pandhita kang agung-agung | kinèn nulakana | lamun wus prapta ing janji | tanpa gawe panulake para tapa ||

20. ujêr makluk muhung sadarma lumaku |

--- 35 ---

lamun sira bisa | iya ngambila sirèki | kêmbang Jayakusuma lamun tan bisa ||

21. banjur anrus mangalor lakunirèku | nèng pasir dagana | yèn uwis dagan tumuli | amampira mring gumêlêm andagana ||

22. lamun uwus lajua munggah mring gunung | Tasikwindu kana | ing cahya nêpia nuli | pakiringan myang ing Nglawèt nênêpia ||

23. pan ing ngriku yêkti ana tandhanipun | praja ing Mantaram | ala atanapi bêcik | dina sesuk tumuli sira mangkata ||

24. dimèn milu janoni ing saparanmu | lan atmajanira | Abukasan aywa kari | Kyai Mupit ing Guyangan ampirana ||

25. bèn tumuntur kang wus wêruh prênahipun | kalawan wong desa | ngajaka salah sawiji | ngandhuta wang dimèn yya susah nèng paran ||

26. tan winuwus dalu enjinge malêbu | marang Selaraja | nyuwun pamit marang gusti | pinaringan dhêsthar kang wêkas sapisan ||

27. tuwin sangu tăndha wakil sang binagus | wus pinaring donga | lumèngsèr laju lumaris | nèng Guyangan Ki Mupit pinuju lunga ||

28. kinèn nusul praptanira datan dangu | tandya dhinawuhan | timbalane kangjêng gusti | Kyai Mupit datan sawala ing karsa ||

29. pan sadalu nèng Guyangan enjingipun | budhal lampahira | praptèng Ngayah dhusunèki | kawan dalu sipêng dhusun Ngadirêja ||

30. nèng masjid gung pan amung sipêng sadalu | enjinge umangkat | angambah têngah wanadri | sru kalunta nèng Srayu kalangan toya ||

31. bangawan gung santêre kalangkung-langkung | anjog ing samodra | dangu nganti pinggir kali | nuju suwung janma kang tunggu baita ||

32. sami salat munggèng sawetaning ranu | wusing bakda salat | sadaya awas ningali | wontên bajul angambang têngah bêngawan ||

33. agêngipun

--- 36 ---

buaya kalangkung-langkung | gigirê saklasa | sami tab-taban kang ati | aningali buaya ingkang angambang ||

34. tan na dangu dhatêng kang têngga parahu | dèn uwuh gya mara | tandya sinabrangkên nuli | bajul ngêlêm bajul katrajang ing palya[51] ||

35. wilahan sabrang wetan sampun rawuh[52] | nulya sami numpak | tyasira sami kawatir | nèng baita samya munajat ing Suksma ||

36. tan adangu kang palwa pan sampun rawuh | sabrang kulon inggal | sami mêntas dharat nuli | lumaksana anurut pinggir samodra ||

37. samyandulu ing satêngah samodra gung | pan wontên mancingan | katut ing ombak ngalingi | kambang-kambang sangking ing pulo Barambangan[53] ||

38. praptèng ujung manjangan pitu lumayu | malêbêt ing wana | mèh sumuruh[54] Sang Hyang Rawi | lampahira prapta anèng ing Têlacap ||

39. desa samun wus kadi alas kang agung | ngupaya sipêngan | kaume tilas patinggi | sami sipêng wismane modin Tilacap ||

40. dalu nêmbung ki modin kalamun rêmbug | kularsa tirakat | dhatêng pulo Nini-nini | lajêng dhatêng ing pulo Majêthi pisan ||

41. sing kapencut kula dahat ayun wêruh | lah kadya punapa | sêkar jayakusumèki | sangêt têmên gèn kula ayun uninga ||

42. lon sumaur Kyai Rêsayuda wau | yèn sampeyan arsa | tindak mring pulo Majêthi | pan akathah puniku waragadira ||

43. satus ringgit mangke kula têrkên bagus | alampah baita | marginê pulo Majêthi | inggih lajêng dhatêng pulo Nini pisan ||

44. Kyai Jayamustapa alon sumaur | lan Ki Mupit nabda | tambanganê tan kawawi | satus ringgit nyukani dhatêng andika ||

45. nadyan kirang kawula pan botên sanggup | gih sande kewala | Ki Mupit wacana aris | kula dika têrkên dhatêng masjid Sela ||

46. nedha pintên inggih têtambanganipun |

--- 37 ---

Kyai Rêsayuda | alon dènira mangsuli | kalih reyal yèn dhumatêng masjid Sela ||

47. rêmbag sampun gya kinêncèng opahipun | enjangira budhal | anumpak baita alit | kambang-kambang kumbang têngah samudra[55] ||

10. Maskumambang

1. Kyai Jayamustapa lan Kyai Mupit | lan sakancanira | nèng palwa lampah jaladri | baitane kambang-kambang ||

2. lautira anakane kang jaladri | ngilèn lampahira | ambênêr tan nolinolih | masjid Sela wus katingal ||

3. langkung enggar sadaya raosing galih | ngrasa têkèng paran | prasami inggar kang galih | palwa minggir sampun mêntas ||

4. wêdhi tasik tandya binuwangan aglis | rumput binubutan | lawanging masjid wus rêsik | anulya karya dahana ||

5. damar murup sadaya sampun umanjing | jroning masjid Sela | ulêngan kukus nglimputi | labêt agênge kang dupa ||

6. dahat mulêk kang kukus amrik amingin[56] | kabèh sami donga | panjanga yuswaning gusti | sami dhikir wirid sigra ||

7. pan sadalu tan wontên ingkang aguling | nênuwun mring Alah[57] | byar rina samya umijil | sangking jroning masjid Sela ||

8. manjing mêdal raina datan winarni | wayah wêgtu[58] ngasar | prasami manjing ing masjid | yèn dalu asalat kajat ||

9. anênêdha mring Allah kang Maha Suci | arjaning Mantaram | sampun wontên kawis-kawis | jêng pangêran salamêta ||

10. Ki Janodin sakêdhap dènira guling | sinungan sasmita | jêng pangran katingal nitih | anênggih sapi gumarang ||

11. agêngipun andaka lir pêndah wukir | nging lêmbu punika | katinggal sikilirèki | kacancang oyot balaran ||

12. pan pinaksa kang oyot pêdhot tumuli | pangran eca numpak | lêmbu mamprung tan kaèksi | iku sasmita kang prapta ||

13. Ki Janodin [Jano...]

--- 38 ---

[...din] kagèt tangi dènya guling | ngungun impènira | sampun kacathêt ing galih | kaya ngapa jêng pangeran ||

14. kalih dalu nèng masjid Sela nênêpi | enjingira mêdal | samya numpak palwa malih | wangsul wus praptèng Têlacap ||

15. tandya mangkat kang sinêdya mring pasisir | Ki Jayamustapa | sakancane sami bali | mangetan nabrang bangawan ||

16. sampun prapta Ngadirêja kilènèki | ngalèr lampahira | ngambah Wanapringga wêrit | wirandhangun anèng marga ||

17. kalih dintên lampahnya wus praptèng pasir | lamine winarna | pitung ari pitung ratri | tirakat nèng pasarean ||

18. wusing kono alajêng lampahirèki | tan kawarnèng marga | Pringapus kèndêl salatri | ing Gumêlêm sampun prapta ||

19. wontên ngriku sami akèndêl saratri | nêpi pasarean | sing pra wali kang utami | nênuwun ingkang barêkah ||

20. kang pininta arjaning nagri Mantawis | aywa kongsi rusak | rinaksaa ing miliki[59] | lajêng minggah mring aldaka ||

21. wukir luhur sungil margane arumpil | duk kala samana | nèng wana sapucak wukir | udan adrês wor maruta ||

22. sakalangkung asrêpe kapati-pati | mawor păncawora | gumlêdhêg swaraning wukir | dhadhêmit umyang nèng tawang ||

23. ar-ur ar-ur swaraning lêlêmbut muni | ta sangprênahira[60] | tan têbih swara mrêpêki | tan kèndêl tumêkèng enjang ||

24. byar raina samya mudhun sangking wukir | Gumêlêm wus prapta | lajêng ngalèr lampanèki[61] | Pakiringan kang ngankang sinêdya[62] ||

25. kawarnaa samana lampahnya prapti | nêpi nèng ngastana | saratri makamnya wali | kang aran wali Prakoswa ||

26. duk ing ratri wontên sasmita kaèksi | ingkang langse musna | kombul binakta ing angin | kayu agêng kathah obah ||

27. tandya lajêng mring Cahyana sampun prapti | ya ta nèng Cahyana | sadalu dènira Mupit | kang langse datan katingal ||

--- 39 ---

28. duk samana Jayamustapa lan Mupit | dahat susah ing tyas | sasmitane tan ngenaki | dalajad nagri Mantaram ||

29. apa baya nagara Ngayugya iki | arêp karusakan | jalaranê apa benjing | rusake prajèng Ngayugya ||

30. enjing lajêng mring gunung Lawèt sawêngi | sipêng wontên marga | enjinge mancat mring wukir | pasarean sampun prapta ||

31. wus andonga munajate wanti-wanti | nêdha maring Allah | kang barkah sinare ngriki | tan dangu wontên sasmita ||

32. tan antara langse ical tan kaèksi | jurang ardi bêngkah | laju jugrug ponang siti | longsor ngalor mring jêjurang ||

33. duk samana Ki Mupit osi king ati | sasmitaning Allah | pra wali rasane nunggil | sêmune agudhandhangan

11. Dhandhanggula

1. tan antara mudhun sangking wukir | Kyai Mupit lan Jayamustapa | wirandhungan sakancanê | pikir sajroning kalbu | kang pinikir sasmita sami | rasan sambi lumampah | Ki Mupit amuwus | măngsaborong ingkang murba | amisesa kang amêngku bumi langit | gêmah rusake jagad ||

2. linebura kongsi rontang-ranting | mangsi wontêna kang saged malang | pasthi dadi sakarsane | Ki Janodin sumaur | amangsuli ujare Mupit | lêrês dhawuh sampeyan | têrus ngèlminipun | Allah kang murba misesa | wahdaniyat anane jagad puniki | wit ora maring Allah ||

3. alon-lonan mangetan lumaris | ing Cibarang lampahira prapta | laju mring pasareane | ngastana sampun rawuh | laju sami andon nênêpi | sadalu nèng astana | enjing munggah gunung | Mrêbabu prapta ing pucak | ngarga dalêm dènira sami alinggih | ngasokakên ambêkan ||

4. sawêtara napase wus aring | mancat minggah arsa wikan kawah | căndragumuka[63] swarane | kayapa warnanipun | pan gumuruh swaranirèki | gya mudhun miyat kawah | dulu kaduk purun | Kiyai Jayamustapa | angungkuli wau dènira ningali | katampêk kukus kawah ||

5. laju sumaput panonirèki | napasira mapêt datan mêdal | larut [la...]

--- 40 ---

[...rut] abiyas cahyane | kurang sathithik lampus | gya ginèndèng mundur tumuli | dangu dènya kantaka | samana wus emut | bibar wangsul prênahira | mudhun jurang dahat jro kalangkung sungil | sarwi dipun rêrămpa ||

6. mring rowange kang sami jagani | ngarga dalêm lampahira prapta | pêtêng limêngan gununge | tandya ampuan[64] rawuh | barat agung jawah barêngi | lesus sru păncawora | swara ting galudhug | pêtêng dhêdhêt sabuwana | kadi wêngi ampuan gung ingkang prapti | atis kaliwat-liwat ||

7. dhasar tuwa lawan kurang bukti | pan pinarêk ampuanèng arga | Jayamustapa sambête | tan wurung ingsun lampus | uwang titir kang waja gathik | praptane kang ampuan | nuju wanci bêdhug | wanci asar sirna ilang | kang ampuan padhang brêsih surya mijil | maruta sirêp sirna ||

8. enjing samya tumurun sir[65] wukir | tan kawarna lampahirèng marang[66] | desa Pênthongan praptane | pan lajêng minggah gunung | Mrapi têpi kawah nanêpi | kalih dalu nèng kawah | ya ta sami mudhun | langkung èwête kang marga | duk unggahe kang marga langkung asungil | jurange lamat-lamat ||

9. kurang thithak[67] mèh wangsul ing margi | awit sangking angèle kang marga | yèn aywa dahat wirange | prapta ing ngandhap sampun | lajêng mantuk lampahiraris | sèkêt dina nèng paran | kadalon nèng Jênu | lampahira sampun prapta | ing Kuwalon sipêng sadalu nèng masjid | Ki Mupit asupêna ||

10. tiyang sêpuh satunggal marani | namanira Ki Gêdhe ing Sela | alon wau panabdane | Dipanagara besuk | pêksa karêp amurwèng jurit | ngrata agama sarak | jinurung Hyang Agung | sinung rahmat ing Hyang Suksma | nanging ana bekarêncane benjing[68] | sisip sêmbir ngalênthar ||

11. yèn sumimpang ing patang prakawis | ujub riya têkabur sumêngah | pasthi lulus sakarêpe | yèn adoh têka iku | yèn narajang [nara...]

--- 41 ---

[...jang] patang prakawis | lamat idayat bênggang | kongsul wahyunipun | lamaning ana begalan | yèn tan awas murungkên bakal narpati | rowangnya laku ala ||

12. kawarnaa enjing gya lumaris | wêktu mahrib praptèng Têgalrêja | sampun katur sadayane | tandya ngandikan gupuh | praptèng ngarsa sadaya sami | andhèr munggèng ngayunan | pangran ngandikarum | kabèh padha kaslamêtan | kang dinuta sadaya umatur aris | angsal bêrkah paduka ||

13. jêng pangeran andika malih[69] | kaya paran mungguh lakonira | awit angkatira biyèn | tansah dadya tyas ingsun | apa baya kang sira panggih | wangsit miwah wasita | Ki Mupit umatur | tuwin Ki Jayamustapa | dhawah tuwan sadaya ulun lampahi | pan sampun kalaksanan ||

14. mung satunggal ingkang tan dumugi | inggih dhatêng panggenaning sêkar | jayakusuma sababe | kathah prabeyanipun | abdi dalêm datan kadugi | anyukani prabeya | dhatêng tiyang dhusun | sadaya sampun kalampahan[70] | kabèh katur miwiti praptèng mêkasi | lamat wangsit sasmita ||

15. ing sasolahbawane nèng margi | datan wontên ingkang kaliwatan | pangeran alon sabdane | dahat tarimaningsun | kèndêl mosik sajroning galih | lamun kaya mangkana | pralambang kang dhawuh | iya praja ing Ngayugya | ara-uru jalaran sêka ing mami | têrus karsèng Hyang Suksma ||

16. bibar mantuk sadaya prasami | jêng pangeran pan kantun priyăngga | nèng Selagilang prênahe | putêk tyas amargiyuh | ngraosakên sagunging wangsit | kang wus sami dhumawah | driyanya kagugu | kagagas karasèng driya | kaya paran yèn ingsun jumênêng aji | anèng prajèng Ngayugya ||

17. yèn Walănda milu amêngkoni | dahat gèsèh lan daliling kitab | dadi gawe tanpa gawe | ingsun mikir kadhatun | ing ngayunan ingsun tinagih | ewa mangkono uga | yèn wus têgdiripun | yèn ingsun dadi jalaran | panêdhaku ing Allah kang

--- 42 ---

Maha Sukci | sun duga jinurunga ||

18. jumênênga narendra agami | ngadêg anèng ing rat nuswa Jawi |[71] ambaboni nglakokake | sarake kangjêng rasul | aywa campur agama kapir | Allah anyantosakna | paringa pitulung | marang ing kajat ingwang[72] | lan sagunging kang manut agama nabi | niyakèng nabibullah ||

19. santosaa kang sarta basuki | anèng dunya tumêkèng akerat | tinarimaa ing imane[73] | tandya salat ing dalu | kajat kaprês raosing galih | ya ta ana suwara | munggèng karnanipun | dumêling atela-tela | kagyat wungu tandya utusan nimbali | Kyai Jayamustapa ||

20. praptèng ngarsa pangran ngandikaris | marma sira sun timbali enggal | sapungkurmu datan suwe | ngong salat kajat iku | ana swara luwih dumêling | munggèng ing karmaningwang | mangkana kang tutur | wus rinilan dèning Allah | dadya ratu aywa têkabur sirèki | yèn nrajang datan dadya ||

21. apa swara iya têka eblis | apa têka wisiking molekatingwang[74] | Jayamustapa ature | sumanggèng sang aulun | mênggah sangking pamanggih mami | inggih sangking malekat | sawab jêng pukulun | lêbar sangking salat kajat | sanès eblis pangeran ngandika aris | apa karsaning Allah ||

22. kawulane darma anglakoni | ingong pasrah karsaning Hyang Suksma | jêr kawula datan darbe | bênêr kalawan luput | atas Allah ingkang akardi | Mustap ya wus muliha | nêmbah tandya mundur | jêng pangeran sêsarean | anèng Selagêgilang lajêng aguling | munggèng ing somayana ||

23. tata tita samana wus lami | Danurêja lan Mistêr Sêmisar | sami dahat kawatire | têlike wantu-wantu | nyatakakên mawanti-wanti | Dyan Dipati Danurja | angaturi rêmbug | risidhèn dèrèng pracaya | ing samangke wus nyatakake pribadi | datan sumêlang ing tyas ||

24. ya ta Pangeran Dipanagari | den aturi pista tan kalilan | ambêkta abdi kèh-akèh | pangran graitèng kalbu | Lănda têmên arsa ngalani | pan ingsun ingaturan | bujana loji gung | tan awèh anggawa rowang | tăndha tuhu Sêmisar arsa ngapusi | ingsun srahkên Hyang Suksma ||

25. lamun Allah durung amarêngi | sakarêpe [sa...]

--- 43 ---

[...karêpe] sayêkti tan bisa | gawe piala ing mangke | tindak sang raja sunu | praptèng loji sandeyèng galih | manungku maring Allah | pasrah jroning kalbu | lênggahe owah lan adat | cêlak abdi sadaya tan parêng têbih | Sêmisar marêk nabda ||

26. jêng pangeran kawula aturi | pinaraka jro loji kewala | pangran nabda enak kene | Sêmisar malih matur | sun tingali pangran ing mangkin | sungkawèng kang wardaya | paran marmanipun | hèh Sêmisar wruhanira | datan mari gêrahe panggalih mami | lamun Si Danurêja ||

27. iya lawan Si Wiranagari | isih mèlu ngrèh prajèng Ngayugya | datan amari yêktine | Sêmisar malih matur | lah suwawi manjing ngloji[75] | bab punika rinêmbag | pangeran tan ayun | satêmah Mèstêr Sêmisar | apakèwêd tanduk dènya karya sandi | wasana angrarêpa ||

28. angrakêti kang têmbung sumèh mrik | kang sumaos sampun kawistara | angasih-asih ature | arapêt lumêr arus | datan măntra yèn darbe kapti | samana karsanira | arsa nyêpêng wurung | wus dangu tandya bibaran | Mistêr Misar arapêt têmbungnya manis | tan wontên ewahira ||

29. sampun lami dinugi wus lali | jêng pangeran malih ingaturan | tindak dhatêng loji gêdhe | pangeran datan ayun | asêngadi lagya kêkêling | Sêmisar anggraita | yèn pangeran wus wruh | ingkang dadya karêpira | datan lami nulya dèn aturi malih | mring bêdho bujana[76] ||

30. pista agêng kumpul lan Kumpêni | Mistêr Sêmisar kang darbe nadar | pangeran têdhak karsane | ambêkta wadya satus | pêpilihan dasih ginangsing | pangeran nitih rata | ing bêdhaya rawuh | Walandi prajurit kathah | wus miranti nèng kantor jroning loji[77] | pangeran anèng jaba ||

31. dèn aturi mring risdhèn tan apti | wali-wali ngaturan malbêta | pangeran puguh karsane | nèng jaba bae ingsun | enak isis asilir-silir | măngsa si ngarah beda | Sêmisar anjêtung | wus anyana kawanguran | lêbar pista bubaran pra sami mulih | praptaning Têgalrêja ||

32. jêng pangeran anggrêgut ing galih | têmah ngadêg [nga...]

--- 44 ---

[...dêg] suraning wardaya | myarsa rêmbuge wong akèh | sinunduk yêktènipun | lan risidhèn pratingkahnèki | kumpul lan Danurêja | sabayantu rêmbug | Kangjêng Pangran Pakualam | badhamine ingkang wus mashur mring Jawi | apan arsa kinasap ||

33. Têgal pinurwasèng jurit[78] | wikan dalu atanapi siyang | Pangran nyipta wus pasthine | Allah kang Maha Agung | sun murwani ing aprang sabil | lah iya pati apa | manungsa linuruh | kajaba pati utama | donya ngakir tumindak sarengat nabi | atas karsaning Allah ||

34. pan kawula tan kênèng sumingkir | mati urip lara lan kapenak | api ora andikane | kabèh sarupaningsun | wong ing Têgalrêja yèn wêngi | aywana jroning omah | gêgaman ywa kantun | padha anènga ing dhadhah | lan maninge wong desa para pratinggi | kang padha trêsna ingwang ||

35. padha jagaa ingsun yèn wêngi | kalaksanan dalu sami jaga | nèng dhadhah sagêgamane | kasusrèng ing adhusun | ingkang trêsna mring kangjêng gusti | jaga mring Têgalrêja | dahat kathahipun | tigang atus winatara | lamun siyang pra sami bibaran mulih | maksih angon iriban ||

36. bawanira wadya kèh tan kêni | warta gumrah sajroning nagara | malah wuwuh pawartane | tan kêndhat sabên dalu | jalma prapta sêlur anggili | marang ing Têgalrêja | ngadeg barisipun | parentah marang wong desa | poma-poma aywa pêgat ngati-ati | Kumpêni wus katara ||

37. dènya amrih ala marang mami | gêdêr gumrah praja Ngayugya[79] | tambuh-matambuh wartane | pangeran pan wus tamtu | madêg kraman gitik nagari | sumêbaring pawarta | sapraja misuwur | karsanira jêng pangeran | wulan Sura wêdale sangking nagari | nèng Slarong madêg nata ||

38. jêng pangeran tansah tarak branti | awit sangking pawartaning kathah | tinarka umadêg rajèng | angrusak ing Mantarum | wus kapusthi mupus ing galih | iya kinapakêna | mung sadêrma ingsun | kabèh kang karya pawarta | mênêng mosik Allah ingkang kardi[80] | măngsa sun undurana ||

12. Durma

1. angandika Pangeran Dipanagara [Dipanaga...]

--- 45 ---

[...ra] | marang ing para dasih | kang sêpuh sadaya | lah paran rêmbugira | dene kawarta ing mangkin | marang ing janma | desa tuwin nagari ||

2. angaraman daga ratu ing Ngayugya | ature para abdi | tamtu Têgalrêja | linurugan Walănda | yèn parêng karsaning gusti | luhung sudhia | sampun tanggêl ing kardi ||

3. lawan ulun miyarsa warta sanyata | tyang Danurjan kang warti | dhumatêng kawula | ing mangkin Têgalrêja | tinarka wus madeg baris | dhatêng Walănda | sabab kalamun ratri ||

4. langkung kathah tiyang dhatêng Têgalrêja | kadukê kang pawarti | ewon janma prapta | Danurja kang utusan | têlikipun siyang ratri | pangran ngandika | yèn mangkono kang warti ||

5. sayêktine ingsun datan kêna oncat | sabab Si Danurjèki | lan Wiranagara | myang Eyang Pakualam | Sêmisar rêmbuge nunggil | tyase tan lêga | yèn ingsun iki maksih ||

6. ana sajroning praja Ngayugyakarta | tinarka makewuhi | ing sasolahira | ingkang datan prayoga | iya baya wus pinasthi | kinapakêna | janjine awak mami ||

7. akaryaa layang dhawuh ing wong desa | kang padha tisna mami | kang para manggala | nguyunana ngadesa | apa dene bocah mami | kang padha warna | sun pangkat ran bupati ||

8. anyêkêl layang pratisaraningwang[81] | sarta ingsun êcapi | tăndha yèn wus wênang | nguyuni wong ing desa | ngrayut desa têpis wiring | yya katanggungan | amurwa ing prang sabil ||

9. angimami agama ing tanah Jawa | yèn nutut jênêng mami | tan durung binuwang | dadi datan karuan | mungguh lakune agami | pirabara ta | yèn widada ing wuri ||

10. pasthi adil agama Jêng Rasulullah | ana ing tanah Jawi | samana wus dadya | karsanira jêng pangran | dalu kathah jalma prapti | dêsa myang praja | tuwin abdi prajurit ||

11. mantri jêro kang tanggung kêpilih nyutra | nêdya bayantu sami | ngaturkên prasêtya | tumuntur labuh pêjah | pangran nabda trima kasih | ngona iriban | poma dèn ngati-ati ||

12. nadyan putra santana kathah kang prapti[82] | iriban praptèng wêngi | mandhung wirapraja | tanapi [ta...]

--- 46 ---

[...napi] brajanala | suranata sami prapti | prajurit pancas | dhaèng kathah kang prapti ||

13. para wira sakulon kali Winănga | biyantu bayapati | pangeran parentah | warata saha bala | pinasthi dinane sami | padha pêpêka | tanggal Mukharam iki ||

14. tanggal pisan ing wêngi padha têkaa | benjang anggêpuk nagri | kulon madhêp ngetan | ingkang kidul nagara | mangalor ngadhêpkên nagri | kang lor nagara | banjur ngobong-obongi ||

15. sampun dadya sakathahe kang rinêmbak | wradin kang labuh sami | desa myang wong praja | ngantosi kang ubaya | wulan Sura wus prajangji | pan dèrèng prapta | samayanira sami ||

16. kawarnaa Risidhèn Mistêr Sêmisar | têrang dènya miyarsi | wus tamtu pangeran | andaga mring narendra | têlikira dyan dipati | momor ing kathah | gunêmira wus pasthi ||

17. ya ta wau lajêng nèng loji kumpulan | Danurja Adipati | Pangran Pakualam | Mayor Wiranagara | tuwin kang para bupati | manggalanira | sagung wadya Kumpêni ||

18. pêpak sagung pangeran putra santana | risidhèn kang panggalih | bêcik dhinginana | aywa kongsi mangrebda | akarya susah ing cilik | karêp manira | ywa akèh kang pêpati ||

19. kunêng gantya winarna ing Têgalrêja | wuyungan tiyang alit | raja darbèkira | dèn ilèkakên samya | kèh lunga anis ing ratri | pangran parentah | aywa na wong kang ngili ||

20. kangjêng ratu utusan mring Danurêjan | kadhawuhan angrampit | dhatêng Têgalrêja | mupung durung samêkta | lan wong desa durung prapti | apatih tandya | lumaksana mring loji ||

21. wus apanggih lawan Sang Mistêr Sêmisar | dhinawuhakên nuli | jêng ratu karsanya | tandya Mistêr Sêmisar | amiji bupati siji | duta umentar | ing marga tan winarni ||

22. tan adangu Kiyai Sindunagara | kèrit prapta ing loji | sampun dhinawuhan | kinèn mring Têgalrêja | Pangeran Dipanagari | sun turi têdhak | marang loji saiki ||

23. yèn tan arsa nuli sira umatura | darunanya ing mangkin |

--- 47 ---

yèn ratri kèh jalma | kumpulan Têgalrêja | Rahadèn Sindunagari | lumèngsèr mentar | ing Têgalrêja prapti ||

24. canthèl atur Kiyai Sindunagara | ngantos pasowan jawi | sampun tinimbalan | kèrit prapta ing ngarsa | pangeran ngandika aris | kinongkon apa | prapta ning ngarsa mami ||

25. inggih gusti lampah kawula dinuta | sudara dalêm gusti | Risidhèn Sêmisar | paduka ingaturan | pinaraka dhatêng loji | pangran ngandika | sun dangu bocah mami ||

26. angandika Pangeran Dipanagara | marang sagunging dasih | paran rêmbugira | risdhèn ngaturi ingwang | marang ing loji tumuli | padha matura | aywa nganggo kakêlir ||

27. yèn tan rila atawa anegakêna | matura kang sajati | Jamustapa nêmbah | dhuh gusti sampun têdhak | sayêktine marasandi | amawa wisa | wus gunaning Kumpêni ||

28. aturipun abdi paduka anunggal | datan anêmbani[83] | jêr Mistêr Sêmisar | awrat mring Danurêja | utawi Wiranagari | yèn jêng paduka | kacêpêng wontên loji ||

29. datan sagêt[84] belani wadya santana | tiyang prajèng Mantawis | pan mangsi wontêna | kang nêdya labuh pêjah | jêng pangeran ngandikaris | Sindunagara | matura kang tumuli ||

30. mring risidhèn manira dahat lênggana | sabab baturku sami | datan ana rêna | matur Sindunagara | lawan kawula tinuding | matur paduka | Têgalrêja ing mangkin ||

31. sabên dalu abdi dalêm langkung kathah | ngriki wontên punapi | pangeran ngandika | iya Sindunagara | marmèng ratri kèh sujanmi | kang padha trêsna | marang ing jênêng mami ||

32. padha prapta arumaksa păncabaya | akèh kècu myang maling | mangancam nêdyala | matur Sindunagara | gusti sintên ingkang wani | pangran ngandika | bêcik wong ngati-ati ||

33. Kyai Sindunagara mit tandya mêdal | tan dangu praptèng loji | wus katur sadaya | purwa madya wasana | sadaya rèhning tinuding | tan wontên kirang | risidhèn duk miyarsi ||

34. suku gêdrug têpiyo binanting meja | asru dènira angling [a...]

--- 48 ---

[...ngling] | yèn kaya mêngkana | bênêr arsa ngaraman | satuhu wani Kumpêni | wadana abang | sarira dadi gêni ||

35. kunêng gantya kocapa kangjêng pangeran | dahat sungkawèng galih | dèn ta dèrèng măngsa | samayaning ubaya | sadaya kang sami jangji | sêlak kasêsa | yêkti yèn dèn dhingini ||

36. jêng pangeran ing dalu akarya surat | sinung sadaya sami | kang sabyantu rêmbag | mangrurah ing Ngayugya | kadhawuhan ngati-ati | sampun warata | ingkang katiban tulis ||

37. wus samakta kunêng ing loji sawega | lelipwah myang atlêri | ing Pakualaman | tanapi Kadanurjan | miwah prajurit jro puri | sampun samapta | samăngsa wus miranti ||

38. kawarnaa Kiyai Sindunagara | enjing dinuta mulih | inggih ngaturana | Pangran Dipanagara | dèn aturi têdhak ngloji | bilih tan arsa | pinaraka mring puri ||

39. yèn tan arsa pinarak sajroning pura | Mangkubumèn prayogi | yèn manira arsa | panggih pangran sakêdhap | gya bidhal Sindunagari | tan dangu prapta | Têgalrêja tumuli ||

40. wus atundhuk lan Pangran Dipanagara | para dasih sumiwi | pêpak asamapta | kamituwa ing ngarsa | umatur Sindunagari | amba dinuta | sudara tuwan wuri ||

13. Pangkur

1. Tuwan Risidhèn Sêmisar | jêng paduka gusti dipun aturi | yèn têdhak ngloji tan ayun | kapanggihan ing pura | yèn tan arsa kapanggih wontên kadhatun | Mangkubumèn inggih karsa | sudara tuwan manggihi ||

2. yèn paduka datan arsa | apêpanggih panggenan tri ing kapti | puna[85] karsa pinundhut | Kangjêng Tuwan Sêmisar | anjurungi ing karsa tuwan pukulun | amurih sampun kapanjang | mêsakakên tiyang alit ||

3. Pangeran Dipanagara | sru manabda hèh wus aywa kawijil | yèn Sêmisar nurut ingsun | tan akèh kang sun pinta | mung lunganê Si Danurja manindya nung | lawan Si Wiranagara | sêka praja ing Mantawis ||

4. ujêr iku ingkang karya | ing rusaking camah kraton Mantawis [Ma...]

--- 49 ---

[...ntawis] | yèn misih wong loro iku | tan nêdya ngundurana | ajur mumur sayêkti ingsun pilalu | nuli tutura dèn inggal | ing kene ingsun antèni ||

5. Tumênggung Sindunagara | nembah mêdal sarêng prapta ning jawi | Pangran Mangkubumi rawuh | dèrèng kongsi alênggah | ngandika sru thole lah paran sirèku | dèn aturi mring Sêmisar | andikane awor tangis ||

6. kulup sira ingaturan | mring Risidhèn Sêmisar arsa panggih | ingsun ingkang kinèn nanggung | bêdhahe nyampingira | lan gêmpale warangkanira ta kulup | ingsun ingkang tumanggunga | maksih sarosa ing galih ||

7. yèn mangkono raganingwang | iya datan wurung tumêkèng pati | bali mati mogok lampus | yèn datan nut ing sira | ya ta Pangran Dipanagara umatur | rama pilih pundi seda | Islam lawan seda kapir ||

8. kang rama minggu tan nabda | kèndêl jêtung kang putra matur aris | lamun makatên puniku | rama kinèn bujuka | dhatêng kula ing mangke paduka sampun | kacakup dhatêng kuwula[86] | mangsi karsa abelani ||

9. sayêkti ajrih paduka | mring Kumpêni Jêng Pangeran Mangkubumi | alon pangandikanipun | lah ta wis putraningwang | sun labuhi sanadyan tumikèng[87] lampus | ingsun bela marang sira | wus jamak bapa lan siwi ||

10. mati urip aywa pisah | jêng pangeran mring garwa ngandikaris | lah ta dèn aglis dyan ayu | dandana angaliha | mring Silarong brana gawanên sadarum | nuli budhala samăngsa | tan wurung ngadoni jurit ||

11. dhuwit anggris wêtokêna | kinèn ngêdum mring sagunging prajurit | kang tisna marang sun labuh | kang adil dèn warata | wus binage warata sawadya sagung | Dyan Ayu Mangkubumi gya | tinimbalan sampun prapti ||

12. dalu tan wontên uninga | barangira brastha binakta sami | wanci asar bidhalipun | sangking Têgalrêja[88] | mring Silarong Imanbahwi kang tumuntur | dadya manggalaning lampah | angirit para pawèstri [pa...]

--- 50 ---

[...wèstri] ||

13. dene wadya ingkang kathah | asamapta sumiwi anèng ngarsi | sangkêp kapraboning pupuh | astranira mawarna | tumbak bêdhil pêdhang lamêng wus rinasuk | mung wadya sajroning praja | kadya gabah dèn intêri ||

14. ting salêbrang dalu siyang | tan nendra Krêtapangalasan kanthi | radèn dadya krama wau | kalawan Surajaya | Tirtarêja para lurah munggèng ngayun | Sastrawinangun kalawan | Jaya Muhkhamad akanthi ||

15. lurah lan sajajarira | Kêrtarêja Jayamustapa kanthi | mung Jayamustapa iku | datan sumiwèng ngarsa | amanggihi kang sami badhe têtulung | Kartanagara ing kuna | Amad Darsah kang wêwangi ||

16. jajare Jayapênawang | mulya sêkti ingkang wus silih nami | Jayanagara puniku | anguyuni lèr praja | sampun prapta singidan ing barisipun | sagung wong kulon winănga | sadaya wus sami balik ||

17. tumut dhatêng Têgalrêja | maksih namar nging wus samêktèng jurit | samăngsa ana kadulu | prajurit sangking praja | tinanggulang kuloning kali puniku | enjingira kang winarna | Tumênggung Sindunagari ||

18. lumampah tinuduh marang | Têgalrêja sawadya wus lumaris | saungkurira dyan mênggung | laju samêktèng yuda | wong Kumpêni lan Pakualam ngumpul[89] | Adipati Danurêja | Tumênggung Wiranagari ||

19. samapta sawadyakuswa | badhe dhatêng Têgalrêja mangrampit | yèn pangeran istu puguh | winasesa kinasab | yèn sarosa nêdya pinrih pêjahipun | Dyan Dipati Danurêja | Wiranagara turnyaris ||

20. prayogi tumuntên bidhal | yèn pangeran lumawan ing ajurit | kawula ingkang tumangguh | mangrêgêp mring pangeran | nadyan silih bangkit warna yaksa sèwu | mahawan ing dirgantara | tuwan kawula datan jrih ||

21. Dyan Mênggung Wiranagara | nambung sabda sagêda awor lan jim | pan wus kagêgêm dening sun | Pangran Dipanagara | nadyan sagêd awor lawan [la...]

--- 51 ---

[...wan] mega biru | dadia buta sayuta | suwe mijêt wohing ranti ||

22. măngsa si sagêda gagal | inggih sangking sêlaning driji mami | sêsumbare kèh kawêtu | mayor myang Danureja | Kangjêng Tuwan Sêmisar liwung kalulun | dening Mayor Danurêja | ondhang bidhalakên baris ||

23. Kumpêni têngara budhal | gumarêgut lampahira inpantri | wira kasultanan kêbut | tindhih Wiranagara | apan sutèng Dyan Wiraguna Tumênggung | kunêng lampahe prawira | Sindunagara winarni ||

24. sampun praptèng Têgalrêja | marêk ngarsa wotsari matur aris | dhuh pangeran gusti ulun | kawula pan dinuta | ing sudara dalêm Risidhèn Mantarum | sangking pamundhut paduka | Danurja Wiranagari ||

25. jumurung Tuwan Sêmisar | nging paduka têdhaka dhatêng loji | jênêngana ing pamingkut | Dipati Danurêja | tuwin dhatêng Wiranagara Tumênggung | bilih sampun pinusara | sakarsa paduka dadi ||

26. amurak kuwandanira | sinasêmpal linamus dèn jêjuwing | Tuwan Sêmisar jumurung | pangran duk amiyarsa | mèsêm amangsuli sabda yèn satuhu | Sêmisar nurut karsèngwang | ingsun tumindak mring loji ||

27. lagya eca angandika | jêng pangeran myarsa miriyêm[90] muni | wanti-wanti kadi guntur | kagyat kurdha manabda | anudingi hèh Sindunagara iku | culika dur ing wacana | karya rèh tindak tan yêkti ||

28. gupita lumèngsèr mêdal | praptèng jawi laju numpak turanggi | sinabêt turăngga mamprung | sarêngi praptanira | wong Kumpêni bendrong sanjata lir guntur | tinanggulang ing ayuda | arame bêdhil-binêdhil ||

29. surak sru kadya ampuhan | kulon kali kalawan wetan kali | campuh ing prang sami purun | Dipati Danurêja | mijil wetan Tompeyan laju angêbyuk | Dyan Mayor Wiranagara | sangking loji Bulu nuli ||

30. mangsah manapung ing yuda | katadhahan sami suraning jurit |

--- 52 ---

sêrêg-sinêrêg akukuk | nandukakên warastra | campuh rukêt sanjata atri gumuruh | sanadyan karoban lawan | wong Têgalrêja tan miris ||

31. para wira kasultanan | sami balik kang wus prajanji nguni | mariyêm lir gunung guntur | mêngsah amaju tiga | kang sapangkat mêngsah nêmpuh sangking kidul | tuwin sangking ing Tompeyan | sangking ing Bulu bêdhili ||

32. Wirapraja panggah gah[91] | Jayadirja lurah ingkang wêwangi | Anomwijaya katêlu | inggih prajurit pancas | ngamuk liwung narajang mriyêm tan keguh | Kumpêni kathah kang pêjah | ing wuri mangsah mangungkih ||

33. ingkang katarajang panggah | datan kêndhat anrês tibaning mimis | labêting kathah kaêsuk | Têgalrêja kèdêgan | akatgada têtulung kang putra mantu | Radèn Mas Jayaprawira | atmajèng răngga ing nguni ||

34. kang kasambut prang nèng Jipang | kang andaga Sultan Ngayugya nguni | trahing prajurit linuhung | umangsah musthi watang | bagus anom sura prawira atêguh | kadya banthèng nandhang brana | singa katarajang ngisis ||

35. lan Jayadirja lêlurah | Wirabraja ambêg sura ing jurit | mangamuk golong gumulung | sakalereanira | wong Kumpêni katadhahan kèh kang lampus | lan wira Pakualaman | ing wuri ngangsêg mangungkih ||

36. Jayadirja pan angrasa | yèn kaloloh sarta karoban tandhing | alon-lonan unduripun | nyirik turangganira | kaplêri lelipwah nandêr mêdhang rampung | Jayadirja kapisan[92] | sinêrang panggah nadhahi ||

37. kapalêri kathah pêjah | maksa ngungkih wong Kadanurjan ngisis | Wiranagara Tumênggung | kèngsêr sawadyanira | ya ta Pangran Dipanagara winuwus | datan pisah lan kang rama | Pangeran Amangkubumi ||

38. amanggung wahana kuda | anjênêngi mring wadya kang ajurit | binendrong bêdhil mriyêm bum | nanging datan tumama | drêsing mimis pabaratan kadi mêndhung | pêtêng dhêdhêt alimêngan | Pangran Arya Mangkubumi ||

39. ngandika marang kang putra | kulup ayo padha lumèngsèr dhingin | wadyamu karoban [ka...]

--- 53 ---

[...roban] mungsuh | Pangran Dipanagara | saha wadya lon-lonan ing unduripun | tan pisah lawan kang rama | mangilèn lampahing baris ||

40. nyabrang lèpèn Bayêmdhata | ing sagunging para wira Kumpêni | kèndêl tan wontên kang anglut | warnanên Jamustapa | langkung repot lampahe kabladêr ing dhut | mring Kumpêni tinututan | cinêgatan sangking ngarsi ||

41. kanan kêring anyanjata | arsa oncat wus datan antuk margi | tinilar mring kancanipun | wus nêmah praptèng pêjah | gya umangsah ngulati marga angamuk | mobat-mabit lawungira | kang cêlak wadya Kumpêni ||

42. tinumbak wadgada[93] niba | kancanira anulungi tumuli | tinarik mring kudanipun | datan dangu palastra | ingkang sangking kilèn nyanjata nutul[94] | tinolih lajêng tinumbak | jaja trus gigir ngêmasi ||

43. dene Ki Jayamustapa | nandhang kanin ngandhaping susu kering | pêtêng panonnya sumaput | wus nyipta yèn palastra | jroning driya Kumpêni mung darma iku | lantaran karsaning Suksma | kang akarya lara pati ||

44. ngêsrahkên jiwa anderah | ingkang wetan ambêdhil tutul pêtis | tinolèh tinumbak lampus | Kumpêni ingkang têbah | ambêdhili tibaning mimis lir jawuh | nanging tan ana tumama | sangking pangrêksaning Widhi ||

45. Kumpêni kang tiga pêjah | sasisaning pati tandya ngunduri | swaraning tambur gumuruh | wus lêpas lampahira | ya ta kunêng Jayamustapa winuwus | nèng galêngan mêgap-mêgap | tan pêgat dènira muji ||

46. nungku cipta amêminta | maring Allah gusti rabil ngalamin | yèn èstu amba pinundhut | ulun darbe panêdha | gusti kula Pangran Dipanagarèku | tuwan jurunga kang karsa | bilih tuwan paring urip ||

47. mugi amba panggihêna | lawan Gusti Pangran Dipanagari | saya ngrabda tatunipun | ngranuhi wit prêmana | èngêt ngadêg tan kawawi laju lungguh | munajat marang Hyang Suksma | dikir pasrah ing Hyang Widhi ||

48. dangu-dangu napasira | sangsayaring madêg lajêng lumaris | kasèrèt dlamakanipun | kadalon anèng marga | arsa mring Silarong [Sila...]

--- 54 ---

[...rong] sêdyanipun[95] | laju umanjing padesan | pêtêng dhêdhêt anglimputi ||

49. maksa sarosa lumampah | dahat payah samarga angrarintih | anasak murang dalanggung | Kyai Jayamustapa | sakalangkung dènira kawêlasayun | kêmpas-kêmpis lampahira | andhandhang panggihèng gusti ||

14. Dhandhanggula

1. kawarnaa kang para Kumpêni | sajêngkarnya pangeran lan rama | Pangeran Mangkubumine | nyabrang lèpèn Bayêm wus | datan wontên ingkang nututi | Jawi tuwin Walănda | tan wontên ingkang nglut | awit rêmpu wadyanira | mung angungak wontên wetan Bayêm baris | anèng têngah balabar ||

2. Têgalrêja sampun dèn jarahi | marang Dyan Dipati Danurêja | bebas binaskupan kabèh | kunêng gantya winuwus | ingkang lolos tilar nagari | Pangran Dipanagara | lan kang rama wau | ngidul ngilèn lampahira | ing Tangkilan praptanira bakda mahrib | lêrêp ing ara-ara ||

3. eca galihnya pangeran kalih | ingkang putra kalawan ingkang rama[96] | Pangeran Mangkubumine | sawadya datan kantun | ingkang dharat sadaya sami | kang samya mêntas yuda | angêlèh sadarum | sadintên tan wontên nêdha | tandya rêmbag Cina ing Bulu myang Tangkil | inggih sami rinayah ||

4. gya kinêpung lajêng dèn bêdhili | tiyang bibar darbèkna[97] rinayah | brastha dèn obong omahe | gya ondhang laju anrus | ing Solaman kèndêl saratri | enjing ngidul angetan | Silarong jinujug | praptaning Slarong sapta[98] | ya ta wau kathah tiyang dhusun prapti | akarya pasanggrahan ||

5. myang panggenan kang para prajurit | swaraning janma atri gumêrah | wong desa angalih kabèh | kandhih prajurit agung | sawarnining wisma kang lami | Silarong wus kèbêkan | tan wontên kang suwung | agêng alit kawradinan | dalah pawon kandhang gêdhogan dèn goni | kang darbe ngungsi prapat ||

6. Kangjêng Pangran Arya Mangkubumi | pan anunggil kalawan kang putra | Pangran Dipanagarane | dyan ayu [a...]

--- 55 ---

[...yu] kalihipun | wus nèng Slarong bidhal rumiyin | wismane mantrinira | kang kinarya dunung | dèrèng karya pasanggrahan | pan wus lami sandibaya dèn dhawuhi | dèrèng wontên prakara ||

7. tata tita dèrèng ngantos lami | inggal suyud wong tanah Mantaram | kang rumojong ing karsane | kasusra amisuwur | awit muni wus aprajanji | Radèn Jayanagara | Samèn raning dhusun | wus winisik jêng pangeran | wit wus lami dèn arah mring dyan dipati | mrih binuwang mring sabrang ||

8. duk samana amiyarsa warti | yèn jêng pangran wus mijil sing praja | ya nilip lumaksanage | datan ambêkta batur | mring Silarong praptanya ratri | ya ta wau samana | laju amayun[99] | amanggihi mitranira | sampun tundhuk lawan Sadita wêwangi | pan sampun winartanan ||

9. tandya amit umantuk tumuli | lampahira tan winarnèng marga | sapraptanirèng wismane | akarya surat gupuh | gya utusan maringkên tulis | kabèh tanah Mantaram | Ngayugya kang kidul | Mancingan Grogol sadaya | ing kategan tanah sakiduling nagri | sami sinungan surat ||

10. ijohaning surat sanak mami | kănca tanah ing Gadhing Mantaram | kang trêsna praptaa age | sebaa sabayantu | mring Jêng Pangran Dipanagari | kalawan ingkang rama | samangkya wus kumpul | anèng Salarong[100] pandhawa | yèn sumiwi mring gusti dèn amiranti | kapraboning ayuda ||

11. sawarnane wong tanah Mantawis | ingkang iring kidul ing Ngayugya | kawaratan surat kabèh | sadaya sukèng kalbu | wit wus lami dènira nganti | wêdale jêng pangeran | gègèring Mantarum | ing samangke kalaksanan | kangjêng pangran wus mijil amurwèng jurit | lulusa madêg nata ||

12. milanipun para bêkêl sami | dèn ta sami angucap mangkana | wit wrating pajêg lan gawe | samana wus angumpul | dêmang umbul sadaya prapti | anèng Silarong tembak |

--- 56 ---

gêgaman wus agung | apa dene panajungan | pakikilan bêbaon tanah Mantawis | marang Silarong seba ||

13. wetan praja sampun dèn surati | manawa na ingkang padha trêsna | mring sariraningsun kabèh | sartèngsun awèh wêruh | lamun dina ing benjing mami | Gusti Allah Tangala | pêparing maringsun | dadya bêbêkêling rat Jawa[101] | datan arsa amundhut pajêg kèh mami | muliha kaya kuna ||

14. loring praja wus tampi palupi | atanapi sakulon nagara | apan sami ijoane | wus wradin suratipun | ing antara wus tigang ratri | sauruting Mantaram | kang lor tuwin kidul | kulon wetan kawaratan | takdirollah datan kêna owah gingsir | saya gung jalma prapta ||

15. siyang dalu sujalma kang prapti | gêbèl sêlur golong rêrantaban | lir laron mijil sing ronge | barise sangsayagung | ing Silarong kèbêkan janmi | balabar kilèn mesa | pèrèng lungur gunung | wetaning kali kèbêkan | sapraptaning pra bêkêl salèr nagari | kulon myang wetan praja ||

16. sapêpake para bêkêl sami | dêmang-dêmang ngabèi myang răngga | kangjêng pangeran karsane | nata wadya kang patut | winisudha dadya bupati | kliwon ngabèi dêmang | răngga myang wira nung | tuwin bêktan sangking praja | pinapantês jinunjung pangkatirèki | sanadyan tiyang desa ||

17. ingkang pantês kinarya bupati | atanapi lurah myang wadana | mantri jajar gêbayane | jêng pangeran umatur | mring kang rama Amangkubumi | wangsul lan ngayubagya | kalangkung jumurung | kang putra malih turira | ananggakkên pamantêse ing palinggih | sagunging wadya bala ||

18. ingkang rama mangsuli sabda ris | sayêktine kulup sun tan bisa | apa sakarsanta bae | ingkang putra angguguk | rama datan kenging tinari | mênggah karsa kawula | rama ingkang sêpuh | putusing ngèlmi pirasat | myang piyapat awon saening sujanmi | sampeyan nate garap ||

19. nadyan mangkono [mangko...]

--- 57 ---

[...no] ingsun tan eling | datan bisa lamun matrapêna | măngsa bodhoa siranggèr | jêng pangran ngandikarum | marang abdi gêbayan nguni | anama Drêmajaya | dhinawuhan sampun | lumakua ingsun duta | timbalana sagunging kancanirèki | dêmang ngabèi răngga ||

20. lan sagunging wong kang prapta sami | ingkang padha sih trêsna maringwang | sebaa ngarsèngsun kabèh | kang nêdya bela mring sun | ingkang padha anêdya linggih | sanadyan panajungan | kikilnya bau[102] | kalamun iku prayoga | timbalana pêpak anèng ngarsa mami | ayya na kaliwatan ||

21. Drêmajaya lumèngsèr wotsari | praptèng jawi laju lumaksana | gêgancangan ing lampahe | praptèng pakuwon sagung | wadyabala wus dèn ondhangi | sawega asumewa | manggalaning dhusun | waradin dènya dhang-ondhang | Drêmajaya wangsul umarêk ing gusti | mabukuh awotsêkar ||

22. sampun katur sarèhning tinuding | purwa madya praptaning wasana | kunêng kang wadya sagunge | wusing sawega laju | asumewa samana prapti | pasanggrahan anjirat | manggalaning dhusun | jêjêl supênuh ing ngarsa | jêng pangeran lan ramarya Mangkubumi | satata lênggah jajar ||

23. ingkang cakêt patihira lami | ingkang anama Sangadipura | pangeran lon timbalane | Sangadipura iku | ingsun junjung pangkat bupati | Radèn Tumênggung Sanga | dipura lêlungguh | bumi jêngglong saurutnya | lan Si Wiryadikrama ing karsa mami | ingsun kulawisudha ||

24. ran tumênggung apangkat bupati | madanani wadya jro sisiha | pangalasan ing keringe | si tekong ran Tumênggung | Surajaya sun junjung linggih | dene lêlungguhira | gunung buthak kidul | Tirtanagara Guyangan | trang winangun urut Tangkilan bupati | Janodin sisihira ||

25. Si Muhkamad Bahwi ran bupati | madanani prajurit Bulkiya | pangulu dhongkol ing mangke | têtêp dadi pangulu [pa...]

--- 58 ---

[...ngulu] | madanani ngulama kaji | abdi lama warata | Martayuda sinung | ran Tumênggung Sêndhangsapta | ngenta-enta tanah Gamplong ran bupati | iya Cakranagara ||

26. sêndhang pitu êlor ran bupati | iya Si Tumênggung Sumadipura[103] | ing Tambêlang saurute | loring prajèng Mantarum | Japênawang aran bupati | ambawahake iya | tanah ing bang arum | loring praja Amadngarpah | sun wisudha Tumênggung Kartanagari | sisih Mulyasêntika ||

27. aran Tumênggung Sêcanagari | bupati tri sawetaning praja | Suramanggala sisihe | Radyan Suradikewuh | Brawijaya tri madanani | tanah sawetan praja | dene iring kidul | ing Samèn wadananira | Ki Tumênggung Jayanagara asisih | Tumênggung Martapura ||

28. rata dasih kang sinungan singgih | Jayamustapa Kulon Paraga | tanah Dhondhong saurute | Lowanu lan Tumanggung | Jamustapa ingkang nglungguhi | Bagêlèn Rêsapraja | lan atmajanipun | Jasudarga Ranadirja | Pringgalaya Wirasêca Banyuurip | Pangran Suryakusuma ||

29. tandya donga Muhkamad Bahwi[104] | donganira pan asmaul kusna | gumuruh tadhah amine | lir pendah gunung guntur | Jêng Pangeran Dipanagari | lon dènira ngandika | bubara karuhun | ing saprênah-prênahira | enjang padha budhal angêpung nagari | wong dodol larangana ||

30. pra bupati tumandanga sami | sawadyane amangrurah kutha | yèn barênga panggitike | raja kêpungên wakul | akawita ing dina benjing | baris lor angangsêga | obongana iku | lawan padha larangana | samubarang kang dèn dol marang nagari | supaya wong jro praja ||

31. padha kaluwèn kurang rijêki | dimène bubar nuli mêtua | yèn ngrasa luwe wêtênge | dene kang kulon iku | angêpunga sira dèn aglis | padha angobongana | wisma jro praja gung | ingkang supaya suwunga | angirida wong laku dur kang ngobongi | wisma sajro nagara ||

32. wetan praja ing parentah mami | angrampêta manjinga nagara | wisma obongana kabèh | bêbêkana sawêgung [sa...]

--- 59 ---

[...wêgung] | wong kang dodol manjing nagari | pêpêtên ayya kêna | wong ingkang malêbu | lamun mijil jurungana | mêsakake sayêkti wong iku ngêlih | yèn jaluk glis wèhana ||

33. ingkang ngêpung kidul dhawuh mami | măncanagara nuli budhala | iya ing sadina kiye | wong adol uyah iku | myang liyane yya kongsi manjing | muwah wong adol bêras | ayya wèh malêbu | hèh poma Jayanagara | ayya wêlas daging-dinaging saiki | iya nuli budhala ||

34. matur mastuti sagung bupati | mugi antuka pangèstu tuwan | jêng pangeran wangsulane | rinaksoèng Hyang Agung | gya lumèngsèr mundur wotsari | ingkang pinatah jaga | Silarong rong èwu | kunêng warnanên jro praja | ing Ngayugya dhêdhêp tan wontên umijil | mangrurah mêngsahira ||

35. kawarnaa sagunging bupati | bidhal sangking Silarong wus prapta | laju patrap pangêpunge | ing jaban praja kêmput | janma tintrim kathah kang ngili | ngungsi jro bètèng samya | ingkang pinggir kidul | wisma dèn obong suh sirna | ambarangin tan kenging dipun sayuti | barandhal kadi setan ||

36. datan ajrih kinarutug mimis | ing sêsawate tak kalantaka | tinanggulang bandhil bae | mêngsah kèh nandhang tatu | bêdhil maryêm kasor lan bandhil | prajurit kasulayah | gantya kang winuwus | Risidhèn Sêmisar prentah | Mayor Wiranagara kinèn umijil | ngirid prajuritira ||

37. kinèn sami angantêp ing jurit | gya sawega saprajurititra | miranti sagêgamane | kang dadya tindhihipun | Dyan Tumênggung Wiranagari | lir wardu ănggasasra | sadaya wus mêtu | kêmba kang para prawira | tanggung nyutra mantri jro lawan pinilih | Jatama Brajanala ||

38. Mandhungjaya Tantaka utawi | wong Blambangan laju campuh ing prang | sêrêk-sinêrêk arame | bêdhil maryêm lir guntur | lêsu kêmba tangkêping jurit |

--- 60 ---

prajurit jroning praja | barandhal angêsuk | têtindhih Jayanagara | warastrane tumbak bêdhil lawan bandhil | sela adrês lir udan ||

39. mimis maryêm bêdhil lir gurimis | brandhal yuwana rinaksa ing Hyang | Suksma angutu tandange | mêngsahnya lêbur tumpur | kasulayah kèh nandhang kanin | bau sêmpal kaprapal | antuk suku ambruk | dhadha bêngkah sirah pêcah | kang atêguh kêna jajanya tumuli | sumaput panonira ||

40. sêsêg napase gumlinting siti | mayor wira nagri kênèng sela | prêmana bênêr sirahe | tudhung lan jungkat rêmuk | klêngêr eling makêtêr tistis | lèrèn mundur mring kutha | inêp lawangipun | nèng balowarti barisan | maryêm luhur bètèng sami dèn isèni | rusak ngadi taruna ||

 


Lebih satu suku kata: Pakubwana Senapati. (kembali)
Tanggal: tiga (3) Rêjêp Jimakir: slira putra ngèsthi ratu (AJ 1818). Tanggal Masehi: 5 Maret 1889. (kembali)
Tanggal: Sukra (Jumungah) wolu likur (28) Dulkaji (Bêsar) Je: malik gati swarèng bumi (AJ 1755). Tanggal Masehi: Jumat 11 Juli 1828. Tahun AJ 1755 adalah tahun Alip dan bukan Je. (kembali)
Kurang satu suku kata: lawan risang manindya nung. (kembali)
Maksudnya: Raad van Indië. (kembali)
Tanggal: wolu (8) Mukharam (Sura) Dal: janma gati swaraningrat (AJ 1751). Tanggal Masehi: 13 September 1823. (kembali)
Tanggal: Soma (Sênèn) sănga (9) wulan Mukharam (Sura) Dal: janma tinata swarèngrat (AJ 1751). Tanggal Masehi: Minggu 14 September 1823. Perbedaan satu hari (Minggu versus Sênèn) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
risdhèn. (kembali)
Kurang satu suku kata: tuwan risidhèn pamitan. (kembali)
10 nitih. (kembali)
11 Mangkunagaran. (kembali)
12 Tidak jelas maksudnya. (kembali)
13 tuwuk. (kembali)
14 Kurang dua suku kata: lawan radèn mas wêwangi. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: Jêng Ratu Mas lan paminggir tan apisah. (kembali)
16 Tanggal: Sapar Be: caksa wisa swara tunggil (AJ 1752). Bulan Sapar tahun AJ 1752 jatuh antara tanggal Masehi: 25 September 1824 sampai dengan 23 Oktober 1824. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: gya ngaturi uninga mring buminatan. (kembali)
18 34 dan seterusnya. (kembali)
19 sinungan. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: tan sakeca mas pangulu manahira. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: pinidana ing adil mijil ing kukum. (kembali)
22 Lebih satu suku kata: Dèn Tumênggung Karta. (kembali)
23 Kurang satu suku kata:. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: mung ambêgta rêpat katri. (kembali)
25 Kurang satu suku kata: dhasar lucu kaduk sêmbrana acucut. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: animbali Wiranagara wus rawuh. (kembali)
27 Lebih dua suku kata: yêkti tan sagêd sakapti. (kembali)
28 ngong. (kembali)
29 Lebih empat suku kata: ing Tompean tandya apasang anjir. (kembali)
30 Lebih satu suku kata: ladak Bratakusuma. (kembali)
31 Lebih satu suku kata: Bratakusma sinêndhal sing kuda laju. (kembali)
32 Kurang satu suku kata: sungkawèng tyas sakiting priya kalangkung. (kembali)
33 ywana. (kembali)
34 Kurang tiga suku kata: măngsa dadak angobahakên têki. (kembali)
35 tar | tan. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: prajane pinrih rahayu. (kembali)
37 alisik. (kembali)
38 lumutirèki. (kembali)
39 jawat. (kembali)
40 Kamalodiningrat. (kembali)
41 Lebih satu suku kata: ya ta jêng pangran galihe. (kembali)
42 lawan. (kembali)
43 sêsangganing. (kembali)
44 Lebih satu suku kata: ature radèn dipati. (kembali)
45 Lebih satu suku kata: kalamun kaya mangkana. (kembali)
46 Kurang satu suku kata: tutura Mistêr Sêmisar. (kembali)
47 ywa (dan di tempat lain). (kembali)
48 Kurang satu suku kata: wus katarka datan arsa sob Walănda. (kembali)
49 Kurang satu suku kata: pan katingal ambarêbak awarni rah | pan katingal ambrêbak awarni êrah. (kembali)
50 Kurang satu suku kata: akathah kang badhè tumiba ing lêmah. (kembali)
51 palwa. (kembali)
52 Kurang satu suku kata: winêlahan sabrang wetan sampun rawuh. (kembali)
53 Lebih satu suku kata: kambang-kambang sangking ing pulo Brambangan. (kembali)
54 sumurup. (kembali)
55 Kurang satu suku kata: kambang-kambang kumambang têngah samodra. (kembali)
56 aminging. (kembali)
57 Allah. (kembali)
58 wêktu. (kembali)
59 maliki. (kembali)
60 saprênahira. (kembali)
61 lampahnèki. (kembali)
62 Lebih dua suku kata: Pakiringan kang sinêdya. (kembali)
63 căndradimuka. (kembali)
64 ampuhan (dan di tempat lain). (kembali)
65 sing. (kembali)
66 marga. (kembali)
67 thithik. (kembali)
68 Kurang satu suku kata: nanging ana bekarêncanane benjing. (kembali)
69 Kurang satu suku kata: jêng pangeran angandika malih. (kembali)
70 Lebih satu suku kata: sadaya sampun klampahan. (kembali)
71 Biasanya guru lagu a: Jawa. (kembali)
72 Kurang satu suku kata: marang ing sakajat ingwang. (kembali)
73 Lebih satu suku kata : tinarima ing imane. (kembali)
74 malekat. (kembali)
75 Kurang satu suku kata: lah suwawi manjing ing loji. (kembali)
76 Kurang satu suku kata : mring bêdhoyo bujana. (kembali)
77 Kurang satu suku kata: wus miranti nèng kantor sajroning loji. (kembali)
78 Kurang dua suku kata: Têgalrêja pinurwasèng jurit. (kembali)
79 Kurang satu suku kata: gêdêr gumrah ing praja Ngayugya. (kembali)
80 Kurang dua suku kata: mênêng mosik Gusti Allah ingkang kardi. (kembali)
81 Kurang satu suku kata: anyêkêla layang pratisaraningwang. (kembali)
82 Biasanya guru lagu a: prapta. (kembali)
83 Kurang satu suku kata: datan anêmbadani. (kembali)
84 sagêd. (kembali)
85 Kurang satu suku kata: punapa karsa pinundhut. (kembali)
86 kacakup dhatêng kawula. (kembali)
87 tumêkèng. (kembali)
88 Kurang satu suku kata: sangking ing Têgalrêja. (kembali)
89 Kurang satu suku kata: wong Kumpêni lawan Pakualam ngumpul. (kembali)
90 mariyêm. (kembali)
91 Kurang satu suku kata: Wirapraja panggah-panggah. (kembali)
92 Kurang satu suku kata: Jayadirja kapisanan. (kembali)
93 katgada. (kembali)
94 Kurang satu suku kata: ingkang sangking kilèn nyantaja anutul. (kembali)
95 Kurang dua suku kata: arsa mangkat mring Silarong sêdyanipun. (kembali)
96 Lebih satu suku kata: ingkang putra kalawan kang rama. (kembali)
97 darbèknya. (kembali)
98 Kurang satu suku kata: praptaning Silarong sapta. (kembali)
99 Kurang satu suku kata : laju amangayun. (kembali)
100 Silarong. (kembali)
101 Lebih satu suku kata: dadya bêkêling rat Jawa. (kembali)
102 Kurang satu suku kata: kikilnya nyabau. (kembali)
103 Lebih satu suku kata: iya Tumênggung Sumadipura. (kembali)
104 Kurang satu suku kata: tandya adonga Muhkamad Bahwi. (kembali)