Babad PB V, VI, saha Kramanipun Dipanagaran, Suradikrama, 1930, #1119 (Pupuh 15–27)

Judul
Sambungan
1. Babad PB V, VI, saha Kramanipun Dipanagaran, Suradikrama, 1930, #1119 (Pupuh 01–14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad PB V, VI, saha Kramanipun Dipanagaran, Suradikrama, 1930, #1119 (Pupuh 15–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 01-08-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

15. Sinom

1. sapangulon wismanira | sagunging wong desa pinggir | kathah risak kabasmaran | ngarang palakirna kitri | labêt pinangan agni | praja gung suwung asamun | matambah larang pangan | ing Karangkajèn sirnanting | wisma agung-agung dèn obong barandhal ||

2. kasaput surya diwasa | wira brandhal ngunduri[1] | pacak baris kidul praja | kocapa kilèn nagari | ingkang sami abaris | ing Têgalrêja puniku | Tumênggung Mêrtayuda | pagandhekan dèn rakêti | wadyanira barandhal tanpa wilangan ||

3. sagung wong desa-ngadesa | dahat sukane tyas sami | kêrigan dhudha lan jaka | warastranya tumbak bêdhil | tan kari sabuk bandhil | pra sami angandhut watu | lawan nyangking gêranggang | wus karsèng Hyang Maha Suci | dahat suyut barandhal kadi ngalêman ||

4. barise Suradigdaya | kilèn praja kali Pakis | wadyane tanpa wilangan | Sindujayan dèn obongi | ngriku baris Kumpêni | arame dènira campuh | mimis saengga jawah | nanging datan miyatani | ayuwana brandhal dharusul ing yuda ||

5. lajêng ngobongi wisma[2] | ing Sindajayan sirnanting | tanapi Mangundipuran | brastha wisma dening gêni | Kumpêni kèh kang mati | barandhale tuwuh lêmu | Kumpêni [Ku...]

--- 61 ---

[...mpêni] dènira prang | tan purun nyabrang mring kali | ajrih lamun kênèng sela têpiyonnya ||

6. sarta kathah kang kabranan | kênèng garanggang myang bandhil | sajroning bètèng puyêngan | dening agni kurang bukti | wong dodol dèn pêpêti | bêras lan sêsamènipun | saupama bakita | dodol mring lêbêting biting | sayêktine anglangkungi untungira ||

7. nanging samya jrih rinayah | barandhale ting saliri | mila ajrih wong sadean | janma sajêroning biting | kalantur datan bukti | kathah kang minggat ing dalu | awit tan bêtah nglapa | ya ta baris lèr nagari | Radèn Kartanagara Sêcanagara ||

8. amakuwon ing Balunyah | mangidul ajênging baris | barandhal ngobongi wisma | Ngrêksanagaran sirnanting | măncanagaran barsih | bulu sampun sirna lêbur | ya ta kala samana | Kumpêni akontrang-kantring | bêrêg kang lor ing wetan praja narajang ||

9. prajuriting pra bupatya | akathah minggat ing ratri | pra sami angungsi têdha | datan bêtah tanpa bukti | mular sagung raryalit | wit luwe tan wontên sêkul | tiyang kang sade bêras | pinêpêtan sangking jawi | mila kathah prajurit kang sami mêdal ||

10. priyayi lan ngindhungira | dènya minggat siyang ratri | Kutha Gêdhe pangungsènnya | kalis barandhal tan wani | apan dipun pacuhi | angrusaka Kutha Agung | murah barang tinumbas | palakirna amêpêki | palawija kapêndhêm tuwin kasimpar ||

11. tulus ing samangke dadya | pangungsèn sagunging janmi | kang sangking sajroning praja | datan kêndhat ingkang prapti | mila jêjêl apipit | Kutha Gêdhe sêg supênuh | sangking malaratira | kang anèng sajroning nagri | datan ana pêpanganan kang tinumbas ||

12. mila kathah janma minggat | ing samangke plêngkung gadhing | kinunci tan kêna mêdal | jinaganan ing prajurit | Mangundipuran kori | tinutup lajêng pinaku | pinalang sinantosan | dahat dènya mutawatir | bok manawi kinaryèng marga brandhal[3] ||

13. dharusul bênêr lir setan | datan wêdi [wê...]

--- 62 ---

[...di] dening bêdhil | gêntho kagèt sami muntab | tan ana angeman pati | bangsat nekat angiyip | lagya jinurung Hyang Agung | sarosaning tyas arda | kadi tan wangwang akarya di[4] | juring kutha Ngayugya padha sakala ||

14. gêgamane among ăndha | ganthol gantar lawan arit | wani ngrangsang pagêr bata | tan mundur dipun bêdhili | linilan marang gusti | karya rusuh ing praja gung | marmane murka arda | tan nganggo dugi prayogi | dahat suka bangsat yèn antuk pangaja ||

15. marang ing laku dursila | karya rusuh mring sêsami | begal nyêbrot ngècu ngampak | ngutil nyêlêr ngrêbut maling | datan angeman pati | tyasira brêbung brêgundung | Mayor Wiranagara | sakancane amiranti | luhur biting yèn ana brandhal rumangsang ||

16. dèn mariyêm latah-latah | dene wong sajroning biting | susahe kalih prakara | ingkang dhingin datan bukti | ping kalih tyasnya miris | satêmahan wayang-wuyung | sawênèh wong amangan | bonggol gêdhang dèn matêngi | wit karambil mati sami pinondhohan ||

17. ana kang nyambêlèh kuda | iwake dipun matêngi | punika kinarya buja | sangking dahat dènirangling | ana kang darbe pari | tinêmpil kukuh tan antuk | kang tan tahan aminggat | dènya kesah madyèng ratri | nganggo ăndha prapta sadhuwure bata ||

18. singidan pratingkahira | laju mudhun praptèng jawi | minggat angungsi mring desa | lampahira anèng margi | kapêthuk gêntho nuli | dèn dhèdhèli darbèkipun | kalamun kauningan | pra manggala dèn gêbugi | ting talêsêp gêntho kagèt kècu bangsat ||

19. bilih dalu ngobong omah | ting salêsêp sami maling | mila wong sajroning praja | kasangsara kawlas-asih | ngênês ing tyas asêdhih | wisma gêng pra sami suwung | tinilar anis minggat | wismanira dèn obongi | sami suka sagung wong laku dursila ||

20. jroning biting wus maratah [mara...]

--- 63 ---

[...tah] | manungsa pating gulirih | pagring agung kuthetheran | tinangisan anak rabi | tan bisa nanggulangi | dadya nêmah sami mêtu | jro bètèng wus angarang | surêm ujwalaning nagri | karang kitri kathah sami tinêgoran ||

21. sangking pamalêsing Suksma | angubungi wong darêngki | Danurja Wiranagara | dadya pitênah ing nagri | kasangsarane narik | mring wong sajroning praja gung | kangelan tanpa nadhah | yèn ratri garimis maling | para putra santana sami kasmaran ||

16. Asmaradana

1. kunèng kang sami prihatin | warnanên kangjêng pangeran | pratăndha madêg barise | andina kathah kang prapta | sangking desa myang mănca | Silarong sêsêg supênuh | tan petungan gunging janma ||

2. lajêng kinacak prajurit | myang mantri tuwin punggawa | dèn gêdhèkakên atine | dene kang dadya manggala | anèng ing pabarisan | Radèn Ăntawirya bagus | kalih putra mantunira ||

3. Radèn Wirakusumèki | putra ing Mangkukusuman | Jayaprawira kang anèm | atmajane Radèn Răngga | kang ngraman kasambut prang | bupati kutha Madiun | nèng Maèspati prajanya ||

4. pra sami angati-ati | prayitna ajaga mêngsah | yèn prapta siyang ratrine | tan pêgat prayitnèng driya | samapta ing ayuda | kuda inambilan tugur | pacalang samya samapta ||

5. kunèng kang sampun miranti | Pangeran Dipanagara | ya ta ganti winiraos | brandhal kang ngêpung nagara | akarya pasanggrahan | Ngambar Tawang ngajêngipun | Sanasèwu Suryagaman ||

6. dèrèng sagêt ngrangsang biting | dene kalantaka[5] | kang anèng saluhur bètèng | samăngsa nabrang winănga | mariyême pinasang | pinetaran sungsun timbun | barandhal mundur lon-lonan ||

7. kang baris lor kidul sami | tanapi baris kang wetan | yèn arsa manjing prajane | Kumpêni panggah ing yuda | sinipat kalantaka | tuwin sanjata lir guntur | rinariwuk [rina...]

--- 64 ---

[...riwuk] kering kanan ||

8. sagunging wadya Kumpêni | kontrang-kantring dalu siyang | patroli ngubêngi bètèng | Jêng Pangeran Pakualam | lan risdhèn tanpa lênggah | ngubêngi jro praja kêmput | kanthi kaplêri lelipwah ||

9. Pangran Mangkukusumèki | lan Pangran Adikusuma | Pakualaman kumpule | Pangeran Arya Panular | ngili mring kadipatyan | Pangran Adiwijayèku | lan Pangeran Têpasănta ||

10. lan Pangran Natabayèki | Pangran Slarong namanira | sami wontên kadipatèn | akathah lamun winarna | putra sêpuh kaneman | sami sungkawa ing kalbu | dasihira kathah minggat ||

11. kocapa Kretanagari | kalawan Sêcanagara | Tumênggung tanah Bagêlèn | katiga Jayapanawang | baris lèring nagara | wadyane pinatah sampun | tugur Logorok pisangan ||

12. samana wontên Kumpêni | bêkta rangsum sing Magêlang | tuwin sangking Samarange | bêras tanapi rupiyah | anèng marga binegal | barandhal laju ngarubut | Kumpêni bubar sasaran ||

13. lumayu manjing nagari | babêktane tinilaran | wus den arah saanane | ing sabên-sabên mangkana | tuman antuk rayahan | dènira ambegal ontung | warnanên Jayanagara ||

14. lan Wiranagara nunggil | anèng Kalibêning begal | kunêng gantya winiraos | bantu sangking Surakarta | Kumpêni langkung kathah | gêgancangan lampahipun | wus prapta nagri Ngayugya ||

15. dene prajurit jawi[6] | sangking Kamangkugaran[7] | Radèn Mas Surya tindhihe | lampahe têbih nèng wuntat | duk prapta ing boyongan | binegal barandhal wau | dèn krutug bandhil lan tigar ||

16. rame campuh ing ajurit | prajurit Mangkunagaran | kathah pêjah myang kataton | kang gêsang lumayu bubar | kaprajaya ing sela | balung rêmuk awak rêmpu | Radèn Mas Surya picondhang ||

17. pok talingan kenging krikil | agêngira mung sabendha |

--- 65 ---

niba sumaput panone | gya cinêkêl dhinedhelan | busananira sirna | èngêt amanabda arum | aran sun Radèn Mas Surya ||

18. aturêna ingsun iki | mring rama Dipanagara | pan iku wong tuwaningong | barandhal anut ing karsa | Dyan Mas Surya binakta | dalu-dalu sampun rawuh | katur marang jêng pangeran ||

19. mèsêm angandika aris | kulup sira nake sapa | dene misih jênêng radèn | Radèn Mas Surya turira | kawula ingkang wayah | Pangran Purbanagarèku | pangeran mangsuli sabda ||

20. yèn mangkono sira iki | pan misih atmajaningwang | layak abagus warnane | awlas dènira tumingal | wong bagus nyandhang gombal | nulya pinaringan sampun | sapangadêging satriya ||

21. pangeran ngandika malih | lamun wus ngaso sutèngwang | ingsun atêrakên kowe | mulih marang Surakarta | kang sarta sinangonan | sun gawani surat ingsun | aturêna marang kangmas ||

22. kunêng wus antara lami | nèng Slarong Radèn Mas Surya | anulya dèn atêrake | kapasrahkên Mangkurêja | lawan Wiranagara | lampahira tan winuwus | kunêng Kumpêni Ngayugya ||

23. bantunira sampun prapti | sangking nagri Surakarta | lawan Samarang sarênge | ing Batawi dèrèng prapta | […][8] | Kumpêni lisiyun wus rawuh[9] | rêmbag Silarong rinurah ||

24. sagunging para bupati | urunan prajuritira | ingkang minggat sakarine | Danurja Sindunagara | Tumênggung Natayuda | Kartanagara Tumênggung | sadaya samya urunan ||

25. Martalaya Mangunnagri | kalawan Mangundisura | miwah Rêksanagarane | prajurit jêro urunan | lawan Pakualaman | Suryaningprang tindhihipun | dragundêr pêpangkonira ||

26. utawi kang para mantri | sadaya kenging urunan | miwah pra santana kabèh | ya ta wus sami kumpulan | rêmbagnya Danurêja | Jawinata sampun kantun | sabab [sa...]

--- 66 ---

[...bab] baboning Mantaram ||

27. ingkang jaga balowarti | kang saparo amudhuna | Kumpêni saparo bae | karia Jaganagara | rêmbage sampun dalya | gunggungira tigang èwu | wira Kumpêni lan Jawa ||

28. sadaya sampun arakit | sagung prajurit bupatya | kang miruda sakarine | nging badane lêsu lupa | labêt kalungsèn pangan | risidhèn bayari sagung | prajurit Mangkunagaran ||

29. dene prajurit Mantawis | bayaran sangking jro pura | wus warata sadayane | rêmbage rêkyana patya | tuwin Mistêr Sêmisar | dènya dèn antêp ing pupuh | Silarong ginêmpur ing prang ||

30. tuwin kang Tumpèl nagri[10] | ing Karapyak sitaunan | jaranan pajarakane | prayogi rinusak pisan | inggih puniku tuman | dèn ta sami amalaur[11] | tumuntur dhatêng barandhal ||

31. rahadèn rêkyana patih | mijil tyasnya gagah sura | dadi gone karya sintrèn | wadana amangah-mangah | pan kadi Baladewa | tan mikir prajane suwung | lurung tan ana manungsa ||

32. kunêng sajroning nagari | kang arsa ngantêpi yuda | nglanggar dhatêng ing Silarong | wus samêkta kadrabon[12] prang | kantun ngantosi dhawah | bidhalira kang wadya gung | gantya ingkang winursita ||

33. Pangeran Dipanagari | sampun amiyarsa[13] | arsa linanggar yudane | bêbantu wus kathah prapta | Samarang Surakarta | urup para tumênggung[14] | sadaya wus tigang nambang ||

34. dêrêse ingkang pawarti | tiyang kang mijil sing praja | kang atêrang pawartane | katular katur pangeran | tuhune kang pawarta | ya ta wau narpasunu | anggambuh kang pangandika ||

17. Gambuh

1. Drêmajaya dèn gupuh | dhawuhana kabèh sakancamu | para wira bupati răngga ngabèi | dêmang bêbêkêl yya kantun | dèn padha samêktèng kewoh ||

2. arsa na mungsuh rawuh | têlung èwu cacahe wiranung | bantu Surakarta Samarang Kumpêni | ing samêngko samapta wus | arsa ngrabasèng Sêlarong ||

3. kancamu kang angêpung | nagara lor

--- 67 ---

wetan kulon kidul | iya padha tatanên ingkang abaris | papêndhêm samêktèng kewuh | saurut dalan yya ngaton ||

4. kêrigan kabèh iku | kang kagonan[15] baris dèn barukut | singidana astra bandhil tumbak bêdhil | dene kèha tandho watu | ingkang atos aywa gombong ||

5. ayya kurangan watu | Drêmajaya sandika wotsantun | tandya lèngsèr sapraptanira ing jawi | dhawuhkên parentah sampun | warata para bupaton ||

6. gya ondhang mring wadya gung | apan sami samapta ing kewuh | ingkang baris lor wetan kidul nagari | sampun samya tampi dhawuh | miwah ingkang baris kulon ||

7. sadaya sampun ngumpul | budhal marang Silarong prapta wus | pra bupati dêmang răngga myang ngabèi | samya sumiwi ing ngayun | andhèr ing ngarsa mabukoh ||

8. pangeran ngandikarum | padha barisa pêndhêm kang sampun | sapinggiring marga-marga kang arêmit | aywa kawuryan mring mungsuh | dèn ta karya glaring kewoh ||

9. Silarong dhadhanipun | supit urang gêlar ka[16] pakantuk | ingkang padha nyeluman dèn ngati-ati | yèn Silarong wus acampuh | yya talangke anarombol ||

10. bêdhil bandhilan lawung | ayya kongsi kakurangan watu | ywa rêringa dèn ta manambuling jurit | mangastuti ingkang dinuk | lumèngsèr ondhang gya bodhol ||

11. samapta urut dhusun | pandhawa mrisi saurutipun | sêg supênuh barandhal seluman wingit | ya ta Silarong winuwus | rêmbagira sampun dados ||

12. wuyungan pra wadya gung | tiyang alit liwung wayang-wuyung | klasa bantal ginulung kalawan gêrit | dandang cèrèt kêndhil dhayung | pinirantèn ambareyot ||

13. bêras sinandhing turu | pamrihira lamun mungsuh rawuh | mung karia amikul banjur malêncing | aywa nganti gagap-gugup | banjura kêna cinangklong ||

14. warnanên pra tumênggung | pra atmaja tuwin prawira nung | amanabda prasêtyèng ngarsaning gusti | ing palagan kang lumayu | lamun gusti durung lolos ||

15. antuka ing babêndu | dening Hyang Sukma kang maha luhur | wus saekapraya sarêng angêmasi | sagunging para wira nung | kunêng kang wus amirantos [ami...]

--- 68 ---

[...rantos] ||

16. gantya ingkang winuwus | Mistêr Sêmisar samêktèng pupuh | lawan sira Danurêja Sindumantri | tanapi para tumênggung | tinata lakune adoh ||

17. niyaka jro prajèku | lawan panji mung sapatuti[17] | para wira samêkta tinata jawi | Kumpênine pan angumpul | samya Kumpêni agolong ||

18. pra wira jawi ngumpul | tan kasêlan pan asri kadulu | busanane para wira tiyang Jawi | kang abang sagolong wau | lir kêmbang palasa mêdhok ||

19. ingkang jênar kadulu | anglir podhang sayuta angumpul | sagolongan pra sami abaju langking | kadi dhandhang nêdhêngipun | andum kunarpa kang bosok ||

20. prajurit ing Mantarum | pan mangkono ing panganggonipun | tan winarna lampahe prajurit Jawi | wira Kumpêni kawuwus | samêktane laju bodhol ||

21. tamburira dharudhut | barung slomprèt bêndhe bèri umung | têtêg munya kêndhang gong tanapi suling | sumrêk lampahing wadyagung | sura dhokoh ing pakewoh ||

22. anggamêng kadi mêndhung | pating paluncar busananipun | kasungaran soroting pradănggapati | ingkang minăngka têtunggul | Risidhèn Sêmisar munggoh ||

23. Danurja manindya nung | Mayor Wiranagara tumuntur | Pangran Suryaningprang cakêt datan têbih | wahana kuda pêpayung | Danurja kadya ginosong ||

24. anumpak kuda dhawuk | wong padesan kang parêk dalanggung | samya ngili wus lami dènya miyarsi | baris ing prajarsa mêtu | mila wong desa wus bodhol ||

25. ngarsa mariyêm pitu | amiranti atalêri wau | mariyême samarga tan pêgat muni | swaranira ting jalêgur | dhusun Jaranan wus rawoh ||

26. lampahe laju nêrus | tanpa kêndhat praptèng dhusun Bantul | laju kèndêl anata lampahing baris | Jawi myang Kumpêni sampun | tinata agolong-golong ||

27. sajuru datan worsuh | awit wus cêlak prênahing mungsuh | muhung kari kalêtan desa wiji[18] | dene wetaning marga gung | sawahe [sa...]

--- 69 ---

[...wahe] sami balêthok ||

28. ana kang lagi mluku | ana lagya garu wênèh tandur | lampahira datan kandhêg ingkang baris | kunêng gantya kang winuwus | pangeran kang wus mirantos ||

29. kapraboning prang pupuh | sami dhêdhêp prayitna ing kewuh | ing wadya gung sadaya sampun winisik | samangsane mungsuh rawuh | yya têlangke barêng nyêrot ||

30. prajanji barêng lampus | aprang sabil kalawan si kupur | manggalane saeka ngawaki jurit | santana Bulkiyasunu | kabèh wadya ing Silarong ||

31. pangran nanggulang pupuh | anitih kuda tuhu binagus | pantês dadya senapatining ajurit | baris Kumpêni andulu | tan mundur majêng ambendrong ||

18. Durma

1. mariyême sinulêdan datan kêndhat | kadi ruging kang ardi | bêdhil barondongan | lir glagah kawalagar | tambur muni awor suling | slomprèt barungan | bêndhe bèri tinitir ||

2. gumêr gumrah swaraning wong kadi warsa | binarung dening bêdhil | tiktak kanglantaka[19] | kadi mêcahna karna | pangêdrèle tan ngêndhati | kangjêng pangeran | parentah marang dasih ||

3. parêng nêmpuh wadya Silarong sadaya | nrangbaya ambêk pati | mangrêmpak rumangsang | watange antuk papan | Kumpêni kuwur ing jurit | kathah kang pêjah | rusak gêlaring jurit ||

4. Danurêja kalawan Wiranagara | den ancap tyasnya miris | dhadhal tanpa lawan | lumayu nunjang palang | prajurite bubar ngisis | asalang tunjang | lali marang ing gusti ||

5. wong Silarong kadi yaksa andon buja | nêmpuh wadya Kumpêni | Sêtabêl lumajar | mariyême tinilar | pêpati sungsun matindhih | inpantri panggah | pangêdrèle mawanti ||

6. kawarnaa prajurit ingkang nyeluman | lawan para bupati | nangkêbi sing wuntap[20] | manggalane umangsah | tan rêringa ngrukêt wani | kèh kasulayah | sagung wadya Kumpêni ||

7. bêdhil mati mung tumbak kang antuk papan | kalawan sangkuh uthik | watu drês lir udan | kênèng mêngsah watgada | adrês tibaning karikil | yèn akuda [a...]

--- 70 ---

[...kuda][21] | jêpluk laju anggêndring ||

8. wong Kumpêni kèh tiwas kêna ing sela | lèrès ngalor ngunduri | kabutuh paluan | wira Jawa wus bubar | kantun pra wira Kumpêni | mundur lon-lonan | maksih ngawali jurit ||

9. adipati Danurja kinuya-kuya | kinarutug ing bandhil | gigirira kêna | dêngkèng karasa lara | lan Mayor Wiranagari | dene cam-ancam | arsa dèn kabirèni ||

10. kinarutug ing bandhil pilingan kêna | mumêt angolang-aling | tan nolèh ing wuntat | lumayu nunjang palang | kabaladhêr anèng sabin | galuprut lêmah | gulungan gya lumaris ||

11. kacandhaka Danurja Wiranagara | sayêkti dèn jajuwing | marang brandhal ala | katuju tan kacandhak | nyiluman awor pakathik | wus katilapan | barandhal kang bandhili ||

12. putra mantu Radèn Mas Jayadrawira | katgadèng mangsah jurit | tarunambêg sura | warna bagus wiraga | pan[22] dadya senapati | wantêring yuda | têguh prawira sêkti ||

13. numpak kuda ngêmbat lawung tandya mangsah | narajang mring Kumpêni | sagunging santana | awas dènya tumingal | putra mantu amangungkih | rinêbut ing prang | sami têtulung jurit ||

14. pra bupati myang răngga ngabèi dêmang | sawadya ambêg pati | nêmpuh ing ayuda | Kumpêni karepotan | sisaning pati lumaris | asalang tunjang | wadya Slarong ngunduri ||

15. manggalaning barandhal awutuh ayam | rinaksa ing Hyang Widhi | Kumpêni soring prang | arajang ing Jêblogan | solahira niba tangi | kèh kang kacandhak | lajêng dipun pêjahi ||

16. pambujunge prapta salèring Karapyak | kidul Gadhing gya Bali | ya ta lampahira | ing Bantul sampun prapta | bandhangan binakta nuli | Silarong prapta | laju sumiwèng ngarsi ||

17. sêsampuning katur ing kangjêng pangeran | binagi wus waradin | adil marang bala | tan ana kang cacêngah | kadhawuhan sami bali | ngêpung nagara | wangsul panggenan lami ||

18. pra bupati Silarong wus ingundhangan | samêkta budhal bali |

--- 71 ---

mring panggenanira | kutha binayamangap | sakèh marga dèn pêpêti | manawa ana | wong adol bêras pari ||

19. lan liyaning cinêkêl lajêng binănda | mila tan ana wani | ya ta kawarnaa | wira Mangkunagaran | kathah kang lolos ing ratri | labêt tan mangan | mila atilar waris ||

20. ing jro praja pêpêt datan ana boga | sênêne praja mamring | rikala samana | cina kathah kang minggat | mring Silarong ngungsi bukti | katur pangeran | sadaya dèn tampèni ||

21. timbalane Pangeran Dipanagara | marang punggawa sami | wong kang ngusi pangan | aywa na dèn sikara | amung ingkang dipun galih | suwunging praja | ngungsia marang mami ||

22. prajurit jro Ngayugya pra sami minggat | samya numpak turanggi | awat guyang kuda | kininthil ing Walăndha | sapraptanira ing kali | gya ginêbugan | Walandane gya bali ||

23. kang sawênèh minggat dalu mawi ăndha | sangking tan bêtah ngêlih | nêmpuh byat sumewa | marang kangjêng pangeran | ketanggung nyutra utawi | pangulu minggat | kêtib marbot lan modin ||

24. suranata kathah kang sami miruda | awit dènira sêdhih | byar rina pêrangan | lamun ratri tan mangan | sarta luwe tanpa bukti | milane minggat | sami angungsi bukti ||

25. pra santana samya nis atilar praja | dene ingkang rumiyin | Pangran Suryènggala | lan Pangran Suryabrata | Pangran Adiwinatèki | Pangran Bubakar | mêdal sangking nagari ||

26. Pangran Arya Panêngah lan Cakraningrat | mêdal sangking nagari | sadhèrèk sadaya | tanapi Natayuda | mring Silarong ngungsi urip | samya tinampan | rinojong ing sakapti ||

27. sadhèrèke Rahadèn Mangkudiningrat | sami mêdal ambalik | gantya winursita | baris Ngambarkatawang | sampun gêng barisirèki | ginêcak marang | Kumpêni kang nindhihi ||

28. tandya budhal byar rina ing Pakis prapta | lajêng campuh ing jurit | rame lêng-ulêngan | Kumpêni lan barandhal |

--- 72 ---

swaraning maryêm lan bêdhil | kadi gurnita | sinumêt ganti-ganti ||

29. asarosa Kumpêni ngungkih ing yuda | kèlês karoban tandhing | upamane wangan | nêmpuh kali bangawan | barandhal panggah nguwati | rukêt mangrêmpak | kèlês kandhih kalindhih ||

30. larut mirut Kumpêni bibar sasaran[23] | maryêm sakawan kari | praptaning jro praja | lajêng mêmpêng sadaya | mangsah marambah kajodhi | mung yèn barandhal | rumangsang baluwarti ||

31. radi panggah dèn mariyêm sangking bata | upamane tan inggil | baluwartinira | yêkti wus manjing pura | barandhal winong Hyang Widhi | wong jroning praja | kudhangdhangan pra sami ||

19. Dhandhanggula

1. tatatita[24] samana wus lami | dènira sami abăndayuda | risidhèn dahat susahe | bantunê dèrèng rawuh | suratira apan wus lami | kang marang Batawiyah | paran sababipun | kongsi lami dèrèng prapta | sêlak rusak ing Ngayogya bosah-basih | barandhal saya ngrêbda ||

2. sampun angsal tigang dasa ari | sabên dina tansah băndayuda | Kumpêni kasor yudane | wong Madura tan rawuh | kang bantoni dhatêng Mantawis | ping kalih susahira | nagara mèh suwung | kathah kang sami miruda | atanapi Kumpêni kurangan bukti | sangking tan ana pangan ||

3. rangsumira binegal ing margi | sangking kulon wetan binegalan | risidhèn singkêl driyane | kunêng gantya winuwus | ing Silarong ingkang winarni | Pangran Dipanagara | ragi atêkabur | limut wangsiting Hyang Suksma | wus pinasthi takdirollah datan gingsir | tan owah sangking tapa ||

4. ing Silarong wus kathah sujanmi | arjanira wus kadi nagara | wong têluk gili praptane | rantaban kadi sêmut | wawêlutan praptanya sami | Kêdhu Pajang Mantaram | Majabadheran wus | samapta kapraboning prang | arsa marêk mring Silarong angguyupi | ing karsèng narpatmaja ||

5. dene tanah Bagêlèn puniki | anguyuni kabupatènira | Tumênggung Rêksaprajane | lawan atmajanipun | Jasudarga dadya sesulih | lan malih Ranudirja | kang nama

--- 73 ---

tumênggung | Ki Anggong Pringgadigdaya | Jadimêja rendhetan Ranarêjèki | Pangran Suryakusuma ||

6. Baglèn Winangun Ngrema pan sami | têluk dhatèng Silarong sadaya | Kêdhu Kulonpraga kabèh | sadaya sampun suyud | mring Pangeran Dipanagari | lajêng ambucal surat | pasisir sadarum | kinèn sami madêg kraman | tanah wetan Madiun Panolan tuwin | Jipang Kalangbrèt Ngrawa ||

7. Surabaya Sidayu lan Tubin | Garobogan lawan ing Sêsela | Nglasêm Ngrêmbang Juwanane | Garêsik datan kantun | sadayane kawrat tulis[25] | Jêpara myang ing Dêmak | Kêndhal Kaliwungu | ing Batang tanapi Têgal | ing pasisir tanapi măncanagari | kinèn sami ngaraman ||

8. ya ta Pangeran Dipanagari | maksih jroning Wawu tinêngrêran[26] | mantri gati matur rajèng |[27] pan arsa madêg ratu | ing Kulawu Rêjêp marêngi | kasiku dening Allah | durung mangsanipun | kasêsa madêg narendra | pan anggege angundhuh durung winanci | satêmah anêmpuh byat ||

9. dening nguni pan sampun winilis | wirayate yèn umadêg nata | sangking windu pamêndhête | dumadakan kasusu | windu wadon jumênêng aji | puniku datan kêna | yèn wong madêg ratu | angangge windu wanodya | têmah apês jayane dhasar wus takdir | Pangran Dipanagara ||

10. tan winênang umadêg narpati | ngratagama anèng tanah Jawa | têmêne durung mangsane | pindho wadon puniku | ing lambange Kulawu Alip | Alip Langkir punika | iku windu jalu | ananging kala samana | madêg nata juluk Sultan Abdul kamit | nuju windu wanodya ||

11. sangking adrêng Ki Maja ngaturi | Pangran Dipanagara anggêga | kasupèn nguni wangsite | pan sangking ing Alsabur | wus dilalah pasthi tan gingsir | dumadya wurung bakal | cêcaloning ratu | ing batin takdiring Allah | wus kapathok ing lokilmakpul tan kêni | mungguh lakoning jalma ||

12. ing laire mung kurang sathithik | têka dadak anêrak larangan | pan durung tutug mangsane | jêng pangeran kalimput |

--- 74 ---

turing janma kèh kang angabdi | katutuh rêmbagira | Kyai Kyai Maja wau[28] | pangeran madêga sultan | kasaidan dening santana bupati | pra alim myang ulama ||

13. aturipun Ki Maja angudi | yèn pangeran dèrèng madêg sultan | datan apsah ing kukume | tuwin wilayahipun | tan sampurna kagungan idin | samubarang wilayah | tan sampurna iku | ningkah kakim na liyanya | lamun dèrèng madeg sultan datan wajib | paring idi mring wadya ||

14. kerut wadya pangeran nuruti | wus jinunjung dêning pra punggawa | Sultan Ngabdul Kamit make[29] | Herucakra Kabirul | Mêngkubuwana Senapati | Ngalaga Sabilullah | kalipahurasul | lullah mandhirèng Mantaram | ing sagunging ngulama myang para alim | ngèstrèni ngadêgira ||

15. pra santana utawi bupati | mantri răngga ngabèi lan dêmang | tuwin para wira kabèh | apan sami jumurung | yèn Pangeran Dipanagari | samangke madeg sultan | sêbuting jejuluk | Kangjêng Sultan Herucakra | Ngabdul Kamit Sayidin Ngabdurahmani | silih kalipatullah ||

16. wus kasusra ing satanah Jawi | madêg nata nguyuni Mantaram | Abdul Kamit bisikane | ya ta Silarong wau | saya wuwuh arjaning nagri | suka dasih sadaya | sukuring Hyang Agung | kunêng gantya winursita | suratira risidhèn praptèng Batawi | tur priksa ing Ngayugya ||

17. mangkya Pangeran Dipanagari | pan andaga dhumatêng narendra | tanapi dhatêng guprêmèn | anèng Silarong kumpul | ing Mantaram wus rame jurit | mangkin karoban mêngsah | barandhal saya gung | mila yèn parêng ing karsa | inggih nyuwun bêbantu wadya Kumpêni | Nyayugya tan kawawa ||

18. palêsthaning dènya nupiksani | surat Risidhèn Ngayugyakarta | guprênur jendral nulya ge | jendral panggèn tinuduh | mayor papat kulnèlnya kalih | tanapi kaptin lutnan | suldhadhu nêmatus | lajêng anumpak baita | tan winarna ing marga praptèng Samawis | lajêng masanggrahan[30] ||

19. lamènira [lamèni...]

--- 75 ---

[...ra] wontên ing Samawis | tuwan jendral dènya masanggrahan | sadasa dintên lamine | saksana bidhal laju | lampahira lêrêp ing margi | gancanging ing carita | Ngayugya wus rawuh | loji agêng masanggrahan | dalu pista pêpak sagunging upêsir | miwah para pangeran ||

20. rame gumrah acara Walandi | para priyantun Jawa tan wikan | risdhèn kalangkung bingare | tuwin Danurja iku | wus angrasa kalamun dadi | dènya angomandaka[31] | dènya ngadu-adu | myang Pangeran Pakualam | dahat suka dèn ta gung ingkang bantoni | sagung para bupatya ||

21. pêpak sami ajaga nèng loji | samya ngrasa lamun darbe gêsang | lan bakal warêg wêtênge | marmane sami cakut | dènya jaga angaladèni | Radyan Sindunagara | Mangundipurèku | Tumênggung Purwadipura | lan Tumênggung Resanagri Kartanagri | Tumênggung Jawinata ||

22. wus samapta gêgaman tawis[32] | jendral panggendung nganti praptanya | bantu sangking Madurane | wus lami suratipun | lan ngantosi bantunya malih | Sang Prabu Surakarta | dèrèng wontên rawuh | mila dèrèng magut yuda | mring Silarong kalamun wus prapta sami | Madura Surakarta ||

23. Kunêng Surakarta kang winarni | sri bupati duk nampèni surat | sangking guprênur jendrale | sungkawèng sang aprabu | sri bupati laju nimbali | para putra santana | anèm miwah sêpuh | lan nindya gung sakancanya | wus sewaka anèng pagêlaran sami | punggawa pêpak aglar ||

24. manindya nung Rahadèn Dipati | Sasradiningrat kasub sudibya | putus ing agal alite | tan kewran ing pakewuh | dènya amrih arjaning nagri | pantês binasanan wa | mring kangjêng sang prabu | tyas arja ngasturi ngambar | tanpa rêngat budyarja têbih ing melik | apindha wiku dibya ||

25. tan kuciwa yèn ngadoni jurit | datan susah karoban ing lawan | tan suka kalong mungsuhe | ayêm santosèng tangguh | pantês dadya ugêr prajadi | jroning praja ngalela | ingêmong sakayun | tan wontên kang sinung rêngat | maharja yu linulutan ing sujanmi | sumimpang ing kanistha[33] ||

--- 76 ---

26. asih trêsna wadyaji gung alit | monging nata gung ingkang prabawa | patih amungkasi gawe | suwara agêng arum | sêmbadane slira mantêsi | agêng gagah birawa | dadya pantêsipun | kuwunge mancur lir surya | amadhangi saidêring nungsa Jawi | sêdhih yèn ngambah nistha ||

27. wus sumewa rahadèn dipati | tinimbalan malêbêt mring pura | tumamèng ngarsa sang rajèng | manganjali mabukuh | muka kadi konjêm ing siti | sang nata angandika | paran ing rêmbugmu | ingsun nampani mustaka | têka kaki guprênur jendral Batawi | minta urunan wadya ||

28. baris Salarong arsa ginitik | manindya nung kèndêl tri pandurat | wasana alon ature | dhuh gusti sang aprabu | lêpat ulun sumanggèng gusti | konjuka ing pada sang | yèn parêng pukulun | utawi kaparingana | sawatawis sang nata duk amiyarsi | kèngis duka narendra ||

29. angandika malih sri bupati | kaya paran mungsuh utamanya | kang dadya aturmu kuwe | Paman Dipanagrèku | datan ngambah ing praja mami | prasasat sun kabawah | mring Kumpêni iku | manindya nung duk miyarsa | dhawuh nata ragi kèngis ing rêruntik | mangastuti turira ||

30. dhuh gustiku Dipaningrat Jawi | marmèng amba umatur mangkana | sêdyamba èstu yêktine | rumaksèng praja prabu | sampun ngantos katampan wèsthi | upami wontên baya | sayêktine ulun | sarêng lan praja narendra | rêmpak-rêmpu pun bapa yêkti nglabuhi | ing karsa padukendra ||

31. marmèng ulun umatur sang aji | utawine aparing turunan | punika sampun ngadate | sagunging para rawuh | pundi ingkang ngrisak nagari | ginêbag ratu kathah | kaping kalihipun | Jêng Sinuhun ing Mantaram | Sultan Agung kang sumare Imagiri | dhawuhakên timbalan ||

32. sintên madêg nata nungswa Jawi | ingkang dèn mong marang ing Walănda | têtêp gêmah raharjane | luhur karatonipun | pan Walandi nèng tanah Jawi | sumêdya karya arja | adiling kaprabun | Pangeran [Pangera...]

--- 77 ---

[...n] Dipanagara | manah santri tan sagêd jumênêng aji | wontên ing nungswa Jawa ||

33. budi santri rupak ing pangmanggih[34] | sanès lawan ambêking narendra | kadi samodra jêmbare | sagung ingkang umangsuk | yèkti kamot pan kirang isi | nistha madya utama | sadaya amêngku | santri mung nistha kewala | madyotama sadaya sami siningkir | Pangran Dipanagara ||

34. salokanipun punika gusti | lir wong begal èstri dhatêng pasar | langkung sêpele kang pinrèh | ewa makatên ulun | pan sumăngga karsèng dewaji | amba cumadhong karsa | ing kangjêng sang prabu | kawula darmi lumampah | pêjah gêsang abdi dalêm anglampahi | ayahan padukendra ||

35. tan gumingsir siyang pantaratri | sri bupati dupi amiyarsa | radèn dipati ature | suka ngandika arum | sapa patut lumakyèng kardi | kya patih tur sumăngga | ing karsa sang prabu | santana ingkang dinuta | nata nabda ya bapa ing karsa mami | kang dadya têtunggul prang ||

36. rama kangjêng pangeran ngabèi | lawan rama Pangeran Purbaya | Arya Mantaram katrine | ngirid prajurit ingsun | lan urunan para bupati | bapa sira mêtua | dhawuhkên agupuh | nêmbah apatih gya mêdal | praptèng jawi obah ingkang sami nangkil | tata malih lênggah[35] ||

37. dhinawuhkên timbalan narpati | kangjêng pangran ngabèi kalawan | Kangjêng Pangran Purbayane | Pangran Arya Mantarum | dhawuh dalêm sri narapati | tinuduh abantu prang | mring prajèng Mantarum | ngirit prawira jro lawan | urunane sagunging para bupati | sarêng lawan Walănda ||

38. tuwin prajurit Madura gusti | dhawuh dalêm nuntên samaptaa | bidhalipun benjing êmbèn | sandika pangran têlu | tandya bibar kang sami nangkil | laju lênggah pandhapa | risang manindya nung | matah punggawa samapta | wus sampurna warnanên pangran katri[36] | rawuh ing dalêmira ||

39. lajêng sami samaptèng ajurit | mêpak abdi tanapi santana | sampun mirantos ing

--- 78 ---

gawe | ya ta gantya winuwus | wadyabala Madura prapti | laju dêdunung samya | anèng ing loji gung | kathah prajurit Madura | pangerane lima kang dadya pangirit | kang arsa natas nyawa ||

20. Mêgatruh

1. putranira Sultan Madura kang catur | mantunira kang satunggil | dene ta jêjulukipun | Pangran Cakradiningrat ri | Pangran Suryaningrat kang nom ||

2. Pangran Suryaningaprang arinirèku | Pangeran Majanagari | Pangran Natamadurèku | mantune sultan puniki | prawira bagus maksih nom ||

3. panjinipun kang sami dados pangayun | nama Panji Jayèngsari | Panji Kayakusumèku | Jayèngmaya katri panji | Singasari bagus anom ||

4. lawan Panji Mêrtakusuma puniku | Sang Natakusuma Panji | Wangsèngdana malihipun | Bratakusuma apanji | Suranata Wirèngkewoh ||

5. Panji Kartaasmara myang kusumèku | Mangkukusuma apanji | de mantri pangarsanipun | wolung dasa sura sêkti | Gajahwulung prawiranom ||

6. Jasudira kalawan pun Macanwulung | Macanbarong Lêmbugêndhing | Sêtrasena Lêmbusantun | Prangbakat ingkang pangarsi | saking Sumênêp kacriyos ||

7. têtindhihe kêkalih nama Tumênggung | Mangkudiningrat sawiji | Jadiningrat kalihipun | mantri lit datan kawilis | prajurite tan kacriyos ||

8. mung ginunggung Sumênêp Madura iku | gangsal èwu kang prajurit | kunêng samana ing dalu | santana samaptèng puri | dhèrèk sang nata wus rawoh ||

9. anèng loji bupati lan manindya nung | andrawina jroning loji | Madura Sumênêp ngumpul | Sampang ing Balega nunggil | lawan Kumpêni wus awor ||

10. sri bupati ngurmati karsa nglurug[37] | drawina salin-sumalin | minuman mawantu-wantu | sinambi agunêm pikir | dènirarsa andon pupoh ||

11. ing sagunging para manggala kang ngumpul | gunêm masalahing jurit | prayogane yèn umagut | ngayuda ingkang ginusthi | pangluruge mring Silarong [Sila...]

--- 79 ---

[...rong] ||

12. pukul tiga kondur dalêm sang aprabu | ing wingking sawega sami | ondhang badhe bidhal dalu | wadya Madura ngèbêki | ing nglurung swara gumuroh ||

13. jêng pangeran katri sumiwèng kadhatun | Pangran Madura umiring | tanapi para tumênggung | panji mantri myang ngabèi | sami sumiwi sang katong ||

14. lan Sumênêp Balega Sampang tumuntur | wus ngujung budhalan sami | sadaya sinung pangèstu | ing kangjêng sri narapati | praptaning jawi gya bodhol ||

15. pra manggala anindhihi barisipun | Madura amênganjuri | Sumênêp ingkang sumambung | sinundhulan ing Kumpêni | lan Mangkunagara awor ||

16. wuri wadya Kasunanan kang sumambung | têtunggul pangeran katri | dèn ayap mantri tumênggung | wadya gung kadya jaladri | busana pating pancorot

17. kabunaran[38] myang pradănggapati mancur | surêm sunaring Hyang Rawi | kêlabing kăndha bul-umbul | bandera rontèk kasilir | dene kang maruta alon ||

18. kadya obar-abir asri yèn kadulu | kawuryan sangking atêbih | lir pendah prawata santun | mêgaring payung lir paksi | garudha nêdhêng rêraton ||

19. têtabuhan mawarna umyang gumuruh | lir bandera kataman ngin | bêkèring turăngga barung | wus lêpas lampahing baris | nèng Dlanggu saratri ngaso ||

20. enjing budhal Paramban sampun rawuh[39] | amung lêrêp salatri | enjing bidhal tri gumuruh | laladan Ngayugya nagri | desa pinggir ratan kothong ||

21. panti agêng alit samya suwung samun | samya ngili dhatêng wukir | barandhal rusuh dharusul | anjêjarah bêboyongi | ing Jênu lampahnya rawoh ||

22. anglangkungi Canagaran lajêng Tugu | kèbêkan ngajêng loji | Pangran Surakarta têlu | Pangran Madura utawi | tumênggung panji nom-anom ||

23. para mantri marang ing loji sadarum | lan jendral panggèn wus panggih | kulnèl saupêsiripun | Risdhèn Sêmisar

--- 80 ---

manggihi | dènira ngurmati dhokoh ||

24. Danurêja sakancane pra tumênggung | dahat sêsugun utawi | Pangran Pakualam mau | dahat dènya angurmati | suka kalangkung ing batos ||

25. kangjêng Tuwan Sêmisar sampun dhêdhawuh | Danurja manindya mantri | ngaturi pondhokan sagung | para manggala kang prapti | tandya manindya nung gupoh ||

26. kumaruwuk marentahi pra tumênggung | amatah kang badhe panti | sagunging para wira nung | sadaya wus samya kerit | marang prênahe kang pondhok ||

27. wong Madura pondhokane ngalun-alun | pawatangan kang dèn goni | kèbêkan jêjêl supênuh | Kumpêni ngumpul jro loji | Mangkunagaran amondhok ||

28. anèng Pakualaman sadaya kumpul | dene jêng pangeran katri | [...][40] | masanggrahan wismèng patih | Danurja manjing kadhaton ||

29. tur uninga marang gusti kangjêng ratu | yèn bantu gung sampun prapti | dahat sukane jêng ratu | manindya nung dèn dhawuhi | sunggatane kang mirantos ||

30. gya lumèngsèr pikumpulan pra tumênggung | rumanti sunggata sami | sampun warata sadarum | ya ta jêng pangeran katri | Surakarta prawiranom ||

31. lan Pangeran Madura sawadyanipun | myang para manggala sami | Sampang Balega puniku | sadaya umanjing loji | lampahira sampun rawoh ||

32. wus atundhuk lan jendral bujana nginum | lêladèn salin-sumalin | aminum mawantu-wantu | sawarnine amêpêki | lawan agunêm pakewoh ||

33. karsanira tuwan jendral pinartêlu | lampahe para prajurit | sangking lor pandhawa maju | kang têka kidul ngajoni | têka Bantul sapratêlon ||

34. kalih wêlas kalantaka tetak masbun | badhe binaktèng ajurit | sadaya samya biyantu | dènya karya glaring jurit | dene pambagening kolon ||

35. Kumpênine sabagean [saba...]

--- 81 ---

[...gean] nigang atus | wong Madura binage tri | Surakarta pinartêlu | miwah bala ing Mantawis | pinartêlu cinaruk wor ||

36. kunêng ingkang wus dadya ingkang rinêmbug | gantia ingkang winarni | Silarong kang madêg ratu | nama Sultan Ngabdul Kamit | Hèrucakra Sultan Anom ||

37. Ngabdurahman pibalani ing Mantarum | sampun amiyarsa warti | bilih mêngsahira rawuh | ingkang bantoni ngajurit | Jendral Panggèn wirèng kewoh ||

38. myang Madura Prabu Surakarta bantu | Madura manggalèng baris | pangran lêlima têtunggul | kang catur sultan kang siwi | gangsal mantu prawiranom ||

39. Surakarta pangeran tri măngka tunggul | angirit wadya prajurit | kang kalih atmajèng ratu | kangjêng pangeran ngabèi | Pangran Purubaya kang nom ||

40. kang kêkalih wus kasusra amisuwur | gêdhêg manggalaning wèsthi | kang satungwlayah ratu[41] | Pangeran Arya Matawis | surèng prang prawira tanggon ||

41. prajurit jro samya prawira dibya nung | supênuh Ngayugya nagri | Sultan Ngabdul Kamit dhawuh | angumpulakên prajurit | kinanthi nanggulang mungsoh ||

21. Kinanthi

1. miyos tinangkil sang prabu | Kangjêng Sultan Ngabdul Kamit | pêpak kang para sêntana | myang para putra utawi | bupatyarya răngga dêmang | ngabèi para prajurit ||

2. pêpak kang sumiwi ngayun | tarub rambat jêjêl pipit | pangerane kalih wêlas | putra kang sêpuh pribadi | winisudha pangkatira | nênggih pangeran dipati ||

3. ingkang rayi wus jinunjung | pangkatira awêwangi | Pangeran Dipanagara | anunggaksêmi sudarmi | lawan malih wontên putra | sangking nagari Samawis ||

4. namane Radèn Mas Sukur | atmajane dyan dipati | dhongkol kang dalêm Trêbaya | jinunjung sinung wêwangi | Pangeran Purwanagara | badhe dados senapati ||

5. măngka manggalaning pupuh | nanggulang wadya Kumpêni | Pangeran Dipanagara | para pangeran pangarsi | lan Pangeran Abubakar | Pangran Suryènglaga [Sur...]

--- 82 ---

[...yènglaga] nangkil ||

6. Pangeran Adisuryèku | Pangran Suryakusumèki | Pangran Arya Pakuningrat | Pangran Prangwadana tuwin | Pangran Arya Natapraja | Pangeran Surya Mantawis ||

7. Pangran Adiwinatèku | Pangran Silarong utawi | Pangeran Dipakusuma | cakêt sumiwi ing ngarsa |[42] Ki Maja manggalanira | sagunging para ngulami ||

8. pangulu sakancanipun | kêtib marbot lawan mudin | nunggal lawan Suranata | ya ta Sultan Ngabdul Kamit | pinarak munggèng amparan | pangandikanira aris ||

9. manira aparing wêruh | marang kadang putra mami | miwah kabèh kang sumewa | bakal ana mungsuh prapti | Walănda Jawa Madura | Sumênêp wus padha prapti ||

10. ana ing Ngayugya kumpul | paran rêmbugira sami | mungguh gêlaring ngayuda | Pangeran Dipanagari | wotsari alon turira | lamun kaparêng dewaji ||

11. benjang têmpuh ing apupuh | gurdaya nêbak gêlaring | kangjêng sultan angandika | paran rêmbugira sami | kadang sun miwah Ki Maja | lawan sagunging bupati ||

12. sadaya matur wotsantun | tan sawala anjurungi | aturipun putra tuwan | jêng sultan ngandika malih | yèn mangkono sawegaa | rakit kapraboning jurit ||

13. tandya jêngkar sang aprabu | wadya Slarong siyang ratri | sami ajar ing ayuda | pratingkahe aprang sabil | Kyai Maja myang ngulama | ingkang sami anuruti ||

14. inggar tyase pra wadya gung | mungguh ing wong aprang sabil | nêmu kamulyaning dunya | nèng ngakerat yêkti manggih | kamulyan kang luwih endah | luput siksa awal akir ||

15. lajêng samapta ing pupuh | mriyêm bandangan rinakit | dèn sandhingi mimis obat | miwah wadya kang jagèni | kawarnaa tuwan jendral | kang anèng nagri Mantawis ||

16. lawan pra jêng pangran wau | enjing têngara anitir | budhal saha wadyanira | kang dadya cucuking baris | sagunging wadya Madura | prawira Jawa nambungi ||

17. sampun binagi [bi...]

--- 83 ---

[...nagi] martêlu | pangeran ingkang nindhihi | wus binage lor lan wetan | tuwin kidul kang lumaris | gumuruh untabing wadya | mariyême munggèng ngarsi ||

18. barungan salomprèt tambur | kêndhang gong bêndhe lan bèri | têtêk pan kadi butula | gênjot bumi gonjang-ganjing | kambah gunging wadyabala | barungan wahana angrik ||

19. gumêr gumuruh abarung | swaraning para prajurit | busanane măncawarna | wadya gung datanpa wilis | kadya samodra balabar | ayêm prayitna ing wèsthi ||

20. dene prajurit Mantarum | ingkang mungkasi ing wuri | tambur kêmonge gumêrah | wus praptèng jaban nagari | anèng ing dêsa Jaranan | ing Jarakan sami sêpi ||

21. dhatêng ing Silarong ngumpul | dêmang lan kenthol prasami | ing Pandhawa namanira | Martayuda lawan malih | inggih dêmang ing Pandhawa | Nyasena ingkang wêwangi ||

22. kêkalih sami tinuduh | mring Jêng Sultan Ngabdul Kamit | mêcalang yèn mungsuh prapta | nuli atura upêksi | samana Ki Martayuda | lan Nyasena aningali ||

23. dêdamêl kalangkung agung | tandya kalih numpak wajik | turăngga sinabêt mêsat | ing Silarong sampun prapti | jêng sultan nêdhêng sineba | kagyat kang sami anangkil ||

24. Dêmang Pringsilan umatur | gagap gugup anggretholi | nanging sultan wus uninga | yèn mungsuh agêng kang prapti | wasana lon angandika | budhala para prajurit ||

25. nanggulanga ing prang pupuh | bubar kang sami sumiwi | tan adangu wus samêkta | para putra wus arakit | bala tinata samêkta | ingondhangan wus umijil ||

26. sawetaning Bêndha puput | lêt Sêkargênêng utawi | Jaha lawan Suligănda | kanggenan barandhal sami | warnanên para wanita | ing Silarong wus agusis ||

27. ngungsi dhatêng Jêngglong ngumpul | kunêng kang lagya lumaris |

--- 84 ---

prajurit kang sangking Yugya | ginêlak lampahing baris | sampun prapta anèng Gamblag | sakulon dhusun abaris ||

28. Mariyêm sinumêt sampun | gumludhug lir ruging ardi | barung tambur slomprèt munya | awor suwaraning bêdhil | bêndhe tinitir angangkang | barungan kalawan bèri ||

29. palagan pêtêng ngêndhanu | kukusing mariyêm bêdhil | mayor surak lir ampuhan | laju campuh ing ajurit | bêrêg-binêrêg agantya | rok rukêt asilih ungkih ||

30. wadya ing Silarong pêngkuh | Kumpêni nrajang mangungkih | ulêng kuwêl ing ngayuda | bulkiya angangseg wani | kinarutug ing sunapan | mariyême anyundhuli ||

31. ting jalêgur sungsun timbun | Kumpêni wus akèh mati | wong Silarong kèh kang pêjah | kang tan mati nandhang kanin | katgada kang para putra | mangsah têtulung ing jurit ||

32. munggèng kuda musthi lawung | narajang wadya Kumpêni | wong Madura kathah pêjah | tanapi wadya Kumpêni | ingkang gêsang nandhang brana | Wiradirja amangungkih ||

33. nanging sayah wit wus dangu | prajurite para siwi | dene kang para pangeran | amangagêm dhêsthar putih | kadi kuntul magut yuda | sarêng umangsah ing jurit ||

34. kèhing wadya gangsal atus | datan kurang datan luwih | busanane măncawarna | watangira silih-asih | punika wadya sêliran | mangsah ngadilaga dhikir ||

35. tuwan jendral awas dulu | kalamun wadya Kumpêni | linambung sangking ngiringan | tandya angabani baris | kremekare wus amapan | tan ana mungkur sawiji ||

22. Pangkur

1. mangsah campuh ing ngayuda | tinarajang panggah wadya Kumpêni | wadya sasêlir ngêsuk[43] | wong Jawa datan wikan | ing gêlaring Kumpêni lamun prang pupuh | mangrêpak lajêng anunjang | panggah tan nêdya ngunduri ||

2. caruk rok ulêng-ulêngan | magênturan mariyêm wanti-wanti | Kumpêni kathah kang lampus | rinukêt yudanira | tan pakolèh

--- 85 ---

dènira bêdhil akuwur | barise wus kalêbonan | Mas Lurah Masjasta ngungkih ||

3. angamuk têguh wantala | datan pasah kinarutuk ing mimis | kèh Kumpêni dèn cis lampus | tuwin wadya Madura | kang katrajang akèh mati mawut kuwur | kapti miyarsa bramantya | pra upsir kinèn ngêbyuki ||

4. katgada sarêng umangsah | sarsan kupral têtulung ing ajurit | mas lurah prangnya rinebut | bayinèt lawan pêdhang | sampun pêjah Ki Kasănga ngamuk liwung | lawan dhuwung dhasar niyat | pêjah lan Muhkamad santri ||

5. kadi banthèng tawan brana | wong Madura kèlês kathah ngêmasi | Kumpêni kèngsêr prangipun | tata baris lumbungan | para kangjêng pangran Surakarta nuduh | santana lawan punggawa | mangsah têtulung ing jurit ||

6. Kangjêng Pangeran Purbaya | lawan raka kangjêng pangeran bèi | ari Jêng Pangran Mantarum | mangsah lan pra santana | prajurit jro katgadèng mangamuk kiwul | wadyabala Surakarta | sura teguh ing ajurit ||

7. Dyan Mas Panji Purbatmaja | mangsah kiwul watangira pinusthi | kiyai singkir kumutug | bubar kang tinarajang | ingkang panggah kasulayah akèh lampus | riwut lir banthèng kabranan | ngowak-awik amêmati ||

8. tan pasah dening warastra | wong Kumpêni angêdrèl sangking têbih | sisaning pati lumayu | ya ta wadya simpênan | wus samêkta arsa têtulung anglambung | Tumênggung Jayapênawang | sawadya mangsah ing jurit ||

9. sangking lèr sawadyanira | tan rêringa surak manapung jurit | Janagara sangking kidul | panggah wong Surakarta | tapung malih kang yuda buru-binuru | prang enjing praptaning asar | barandhal kathah kang mati ||

10. tuwan jendral umiyat[44] | wong Kumpêni sayah kèlês ing jurit | tangkêping ngayuda kuwur | tuwin wadya Madura | myang Ngayugya kalindhih kathah kang lampus | tinêngran mundur lon-lonan | wong Silarong ambêg pati ||

11. wadya Surakarta mangsah

--- 86 ---

têtulung prang nanggulang mungsuh sêkti | caruk rok rukêt gumulung | atandhing padha Jawa | wadya Surakarta sami têguh timbul | kang katrajang kasulayah | kadya babadan bung pacing ||

12. Jendral Panggèn aparentah | kêstabêle nulungi ing ajurit | mariyême kadi guntur | sangking ing katêbihan | para wira Surakarta wuru riwut | kagolong ulêng-ulêngan | warastra pating carêngkling ||

13. gathiking pêdhang lan watang | kadi gêrah wor panjriting kang kanin | mariyêm barandhal rêmuk | wasiyate jêng sultan | wong Silarong kandhah kalindhih sumawur | sasaran sisaning pêjah | tandya Kumpêni ngajoni ||

14. ing Silarong sampun bêdhah | sêpên gusis tan ana janma siji | tuwan jêndral mariksa wus | anjajah jroning guwa | sampun suwung tandya ondhang laju mundur | mring praja gantya kocapa | Kangjêng Sultan Ngabdulkamit ||

15. kasoring prang minggah ngarga | pan kapisah ing wadya tuwin siwi | manjing wana munggah gunung | anasak murang marga | ting salêbar palayune kang wadya gung | lan sultan kathah kang pisah | mung kêdhik wadya tut wuri ||

16. para putranira sultan | mring Silarong saundure Kumpêni | para garwa sampun suwung | ngungsi panggenan liya | ngidul ngilèn lampahe golong akumpul | wus anabrang Kaliroga | wadya sadaya umiring ||

17. anèng Jêngglong masanggrahan | kangjêng sultan ngayêmakên panggalih | Kumpêni tan wontên bujung | marmayêm kangjêng sultan | Kyai Maja sadaya wus sami ngumpul | anèng masjid pondhokira | jêjêl ingkang para mukmin ||

18. ya ta wau duk samana | Kangjêng Sultan Hèrucakra Dulkamit | ngumpulakên wadyanipun | anèng ing Jêngglong desa | pan sadaya kang wadya wus sami ngumpul | para putra pirêmbagan | lan sagung para bupati ||

19. kunêng lagya rêmbagan[45] | kang kocapa sagung wadya Kumpêni | lawan tuwan jendral mundur | praptèng nagri [na...]

--- 87 ---

[...gri] Ngayugya | lajêng sami anèng loji dènya ngumpul | tanapi para pangeran | sadaya pêpêk nèng loji ||

20. prajurit amasanggrahan | pra pangeran utawi para upsir | sadaya pangagêng ngumpul | nèng ngloji andrawina | tuwan jendral samana lajêng dhêdhawuh | benjang-enjang badhe bidhal | lan sagung para prajurit | lan sagung para prajurit[46] ||

21. dhatêng nagri Surakarta | wong Madura kari tunggu Mantawis | dènya parentah wus rampung | pan lajêng andrawina | kunêng dalu enjingira kang winuwus | sampun samapta sawadya | têngara budhalkên baris ||

22. kang kantun tiyang Madura | kang atêngga wontên Ngayugya nagri | tuwan jendral sawadya gung | ginêlar lampahira | lamènira ing marga datan winuwus | praptèng praja Surakarta | laju anjujug ing loji ||

23. ratri lajêng andrawina | kanjêng pangran ngabèi lan kang rayi | Jêng Pangeran Prubayèku | Pangran Arya Mantaram | saundure sumiwi kangjêng sang prabu | têdhak ngloji andrawina | nutug kongsi madyèng ratri ||

24. bibar dènira drawina | tandya pamit wau pangeran katri | sawuse tabean kondur | rawuh ing dalêmira | manjing tilam laju sare dèrèng cucul | sangking dahat panginumnya | kunêng dalu tan winarni ||

25. enjingira kang winarna | sri bupati miyos ing păncaniti | pêpak punggawa supênuh | manindya nung ing ngarsa | para putra santana sumiwèng ngayun | mung kantun pangeran tiga | kang mêntas rawuh don jurit ||

26. kantun dènira sumewa | wus samêkta katri sarêng anangkil | kang sumewa wus supênuh | mantri ngabèi răngga | pandêlêgan ăndhamoi wus angumpul | sagunging para punggawa | Măndranagara prajurit ||

27. pangran bèi dènya lênggah | pan kapering ing ngarsa kyana patih | Jêng Pangran [Pa...]

--- 88 ---

[...ngran] Purbaya iku | lênggah kapara kanan | Pangran Arya Mantaram ngandhap mabukuh | tan têbih lan sri narendra | lênggahe pangeran katri ||

28. pinarak ing dhampar dênta | sri bupati anèng bangsal pangrawit | ngandhap ginêlaran babut | sinêbaran puspita | ingalap ing biyada busana murub | kang nampa upacarèndra | lir waranggana swarga di ||

29. upacara warna-warna | pan sarwa mas ya ta sri narapati | pamulu bagus pinunjul | taruna madêg nata | lir Sri Maèspati Prabu Sasrabau | ujwala pindha baskara | prabanira balêrêngi ||

30. tan wontên kawasa mulat | mèsêm samudana nagri narapati | marang ing pangeran têlu | kang mêntas jayèng yuda | katri dhêku Pangran Purbaya umatur | ing pangèstu padukèndra | madyèng prang sami basuki ||

31. rame têmpuhing ngayuda | mung sadintên Pangran Dipanagari | kasor sawadyanya murut | silum manjing wana[47] | dahat suka karênan miyarsa atur | jêngkar kondur angadhatyan | bibar sagung kang anangkil ||

32. kunêng wus lami praptanya | Kangjêng Pangran Purubaya utawi | kangjêng pangran bèi wau | bidhal pan tinimbalan | mring Batawi namung bakta abdi wolu | sanga Walandi satunggal | tuwan Sêtiwêr umiring ||

33. sampun rawuh Batawiyah | dahat agêng kurmatan tinatami | mangkya karsanya guprênur | sarta ratpênindiya | Kangjêng Pangran Purubaya wus kajungjung | pangkat Pangran Adipatya | Ariya Purubayèki ||

34. sinungan pangagêm cara | Wlandi miltèr dene pangkatirèki | litnan kulnèl nomêr pitu | sangking Kumpêni usar | kangjêng pangran ngabèi jinunjung juluk | jêng gusti pangran dipatya | angabèi dèn ligani ||

35. amangagêm songsong gilap | wus mupakat lajêng atur udani | marang kangjêng sang aprabu | Jêng Sunan Surakarta | prapta katur

--- 89 ---

nawala sang nata dhawuh | lamun kang rama samangkya | Pangran Kusumayudèki ||

36. sinung pangkat winisudha | Kangjêng Gusti Pangeran Adipati | Arya Kusumayudèku | kalilan songsong gilap | sinung wênang nyêpêng prajurit sawêgung | jawi myang lêbêt kalawan | gamêlan didalêm baki ||

37. wontên malih ing karsèndra | tilas songsong ing Pangabeyan lami | pinaringkên ari Prabu | Pangeran Suryabrata | sampun paring uninga kanthi sul-angsul | dhatêng nagri Batawiyah | saliring karsa narpati ||

38. wus kawrat ing dalêm surat | lumaksana praptèng nagri Batawi | agêng pakurmatanipun | warnanên raja putra | sakalihan sangking ing Batawi kondur | sarawuhing Surakarta | laju sumiwèng jro puri ||

39. kunêng gantya winursita | putra kalih duk bêdhah Slarong nguni | kasupit singidan silum | nama Pangeran Serang | kang satunggal anama Radèn Mas Sukur | kapisah lawan Jêng Sultan | Hèrucakra Ngabdulkamit ||

40. murang marga saha wadya | putra kalih desa Kêrèsèng prapti | saparan-paran angumpul | anjog ing Ngentaenta | tandya ngidul marang Bantar kang jinujug | angupaya ingkang rama | Kangjêng Sultan Ngabdulkamit ||

41. sigêg kang lagya lêlampah | pangran kalih gantya kang winarni | sadaya para tumênggung | tuwin para pangeran | ing Madura kang tinilar nèng Mantarum | jagi nagari Ngayugya | lawan sawadya prajurit ||

42. kasukan sadina-dina | anèng bale watangan kang dèn goni | siyang ratri tri gumuruh | sanès têmbunging krama | lan wong Yugya marmane lamun têtuku | barang butuh dhatêng pasar | awis kang sagêd nampèni ||

43. kunèng gantya kang winarna | lampahira wau pangeran kalih | pangran Purwanagarèku | lawan Pangeran Serang | ingkang ibu [i...]

--- 90 ---

[...bu] tan pisah lan putranipun | nama Radèn Ayu Serang | kang atêguh sura sêkti ||

44. lampahe saya kalunta | pangran kalih ingkang sinêdyèng galih | nagri ing bang wetan wau | samarga angrêrayah | lampahira samana saya kadarum | samarga nêlukkên janma | sêdyanjog dhatêng Kadhiri ||

45. kutha ingkang kaliwatan | samya têluk dhatêng pangeran kalih | ing tanah bang wetan suyud | samya nut ing sarsa[48] | lampahira prapta lajêng akêkuwu | anèng kutha Krêtasana | bupatine nungkul aris ||

46. namane kang darbe praja | nênggih Radyan Mênggung Wiryanagari | satunggal atmanya jalu | nama Dyan Sasrawirya | pan rumojong karsane pangêran wau | Wiryanagara lan suta | kang nyunggata pangran kalih ||

47. dahat dènira anyuba | lan rinaja-raja ginusti-gusti | wus sakeca sawadyèku | sinasugun sinungga | sabên dina nambêlèh maèsa lêmbu | jago biri menda gibas | dhêdharan măncawarni[49] ||

48. sadina-dina bujana | pangran kalih nabda rum amanis[50] | Wiryanagara sirèku | rakita kaprabon prang | lan mataha wadya macalangi laku | kali wetan Kartasana | jagani krêtêg kang rêmit ||

49. Tumênggung Wiryanagara | animbali dêmang tan dangu prapti | hèh dêmang ngênthak sirèku | jaga akrêtêg kana | lamun ana baris gêng arsa lumaku | krêtêg nuli bubrahana | amrih kasmaran ing jurit ||

23. Asmaradana

1. kunêng pangeran kêkalih | gantya ingkang winursita | Surabaya tuwan risdhèn | nalika nampèni surat | sangking Bupati Japan | ing Kartasana puniku | wontên pangran madêg kraman ||

2. cacahira mung kêkalih | bupati ing Kartasana | wus anungkul sawadyane | risidhèn Surabaya[51] | apan lajêng parentah | Kulnèl Amiral puniku | lawan ngaturi uninga ||

3. mring Sultan Madura [Ma...]

--- 91 ---

[...dura] mangkin | minta bantu ing ayuda | sampun lumampah dutane | maradinakên parentah | mring sagung pra bupatya | tanah wetan kilèn nglurug | pakumpulan Surabaya ||

4. gancanging carita prapti | bantu sangking ing Madura | Kumpêni laut sarênge | sapraptaning Surabaya | cacahe wong Madura | lan Kumpêni sèwu satus | panji wolu manggalanya ||

5. pêparabe para panji | Madura Dyan Panji Jaka | panji sêpuh bisikane | Panji Kusuma kalawan | Radèn Panji Manggala | wadya Bangil praptanipun | sèwu kajawi manggala ||

6. bupati ing Gêmbong prapti | wolung atus wadyanira | Bupati Japan wadyane | tigang atus kathahira | samanta tandya bidhal | ing marga dat winuwus[52] | sasampun praptèng Kartasana ||

7. pacak baris wetan kali | pan maksih êlêt bangawan | lan Pangran Serang barise | Pangeran Purwanagara | anèng kilèn bangawan | mariyêm sinulut sampun | swara lir gêlap angampar ||

8. wetan kali kulon kali | mariyême datan kêndhat | barandhal êntèk obate | ondhang amundur lon-lonan | kumpêni pinrih nabrang | sêdyanira aprang ngamuk | prau manggung nglut anabrang ||

9. kêbut sawadyanya sami | praptèng kuloning bangawan | barandhal kèndêl gya nolèh | lajêng campuh ing ngayuda | Kumpêni wis prayitna | wisma gêng sajroning dhusun | sinipat maryêm sadarum ||

10. wisma Kartasana tapis | kobar katubing maruta | mubal kumbul dahanane | barandhal bubar sasaran | Kumpêni tandya nabrang | sadaya wus samya kumpul | anèng kilèning bangawan ||

11. tumênggung Wiryanagari | karêgêm wus tinugara | lan Dêmang Ngênthak katalèn | binakta mring ngarsanira | risidhèn angandika | kapriye mêngko karêpmu [ka...]

--- 92 ---

[...rêpmu] | Tumênggung Wiryanagara ||

12. kawula anyuwun urip | ingapura wus sinumpah | nulya linuwaran age | kalawan sawadyanira | sadaya sinumpahan | risidhèn têngara mundur | mantuk dhatêng Surabaya ||

13. sapraptaning Surawèsthi | laju kinèn mantuk samya | pra bupati sawadyane | tanapi wadya Madura | ingondhangna gya bidhal | sasowangan sampun kêbut | matuk[53] dhatêng prajanira ||

14. wadya Madura wus prapti | prajanira ing Madura | katur saparipolahe | masalahe ing ayuda | sadaya katarima | wus samya kalilan mantuk | kunèng gantya kang winarna ||

15. nagara ing Surawèsthi | Adipati Kramajaya | sakit tumêkèng ajale | dèn astana Ngampèldênta | rinêngga ingurmatan | asri kawuryan dalanggung | tanapi anèng astana ||

16. sigêgên ingkang wus lalim | kocap risdhèn Surabaya | nênggih nampani surate | bupati nagri Nglamongan | bêbuka tur uninga | bilih barandhal angumpul | anèng Ngunèng pabarisan ||

17. lajêng pirêmbagan sami | kalawan Kulnèn[54] Amiral | nêdya linurugan age | sampun angaturi surat | dhatêng Sultan Madura | nyuwun bantuning prang pupuh | dutanira lumaksana ||

18. sigêgên ing Surawèsthi | kang wus samaptèng yuda[55] | Kartaarja kawiraos | ing Madiun pangongangan | dênê bupatènira | atmajèng răngga ing dangu | kang kasambut prang nèng Jipang ||

19. adalêm ing Maèspati | putra amadêg bupatya | Madiun kaprênah ipe | lan Pangran Dipanagara | kamantu lawan Pangran | Pakualam ing Mantarum | pan maksih dadya bupatya ||

20. anèng Madiun nagari | nama Prawiradiningrat | ingkang dadya pêpatihe | santanane sang dipatya | asal dhusun Sèwulan | Sasradirja namanipun [namanipu...]

--- 93 ---

[...n] | ing samangke winursita ||

21. pangeran sungkawèng galih | dene bawah lan santana | samya angaraman kabèh | ingkang rayi tumut ngraman | kagagas ing wardaya | kaya paran solah ingsun | kalamun mèlu barandhal ||

22. mungsuh kalawan Kumpêni | dadyèngsun mungsuh lan rama | Pangeran Pakualame | dahat sukawaning[56] driya | atilar dhahar nendra | samana ing wêktu dalu | nungku nênuwun Hyang Suksma ||

23. dèn adhêp abdi kêkalih | wasta Mas Jayawirana | tansah amêsu ciptane | lingsir dalu wayahira | pangeran lagya nendra | supêna wontên kadulu | wanudyayu endah prapta ||

24. pangran nêmbah marêpêki | sarwi alon aturira | tuwan sintên ingkang rawoh | anêdhaki kawlas arsa | mèsêm alon ngandika | wruhanira wayah ingsun | eyangira nyai rara ||

25. kidul karyaningsun prapti | paring barang rupa tiga | kêndhi ingkang sira pilèh | camêthi pistul lan lapak | pangeran aturira | sadaya kawula suwun | nyai kidul amanabda ||

26. iku kaki datan kêni | mung lawak kang marang sira | dene ta camêthi kiye | simantara kang darbea | pistul kang duwenana | Si Sênthot arinirèku | nyai rara kidul musna ||

27. pangeran wungu aguling | apêpungun angandika | dhatêng Jayawiranane | dhawuhkên dènya supêna | nanging aywa kawêdhar | marang ing naliyanipun | kunèng samana wus enjang ||

28. pangeran lênggah pandhapi | patihira Sasradirja | lawan pulunane Radèn | Panji Kusumaprawira | sumiwi anèng ngarsa | gya patih wotsari matur | gusti paran karsa tuwan ||

29. inggih ing lampah puniki | dutane raka paduka | ing samangke wontên Ngunèng | dahat agêng barisira [ba...]

--- 94 ---

[...risira] | lamun karsa paduka | badhe ananggulang pupuh | sintên kang ingabên yuda ||

30. sadaya wus kathah balik | Banjarsari myang Sèwulan | Bêtawi sanès-sanèse | pangeran mangsuli sabda | mung panêmonira[57] | kapriye enaking laku | Sasradirja matur nêmbah ||

31. gusti manawi marêngi | prayogi nungkul arisan | mring rakanta sang akatong | Pangeran Dipanagara | ingkang wus madêg nata | Sultan Ngabdul Kamit Prabu | Ngabdurahman Hèrucakra ||

32. pangeran èmêng ing galih | wasana alon ngandika | kulup kadya paran kowe | ingkang dadya rêmbugira | Radyan Sumaprawira | manêmbah alon umatur | kajawi karsa paduka ||

33. yèn kawula maksih urip | sampun paduka aginggang | sangking astaning guprêmèn | tan eca lamun paduka | anurut raka paduka[58] | pangeran mangsuli muwus | yèn mangkono rêmbugira ||

34. ingong pasrahkên sirèki | nagara ing Kartaarja | manira arsa lumèngsèr | marang sakulon bangawan | masalah ing ayuda | sun bodhokakên sirèku | ing besuk kartaning jaman ||

35. sira sun angkat bupati | nèng Maèspati nagara | manêmbah sujud ngarsane | dangu nêkêm sirahira | inggih idi paduka | manggiha raharjèng pupuh | kawula maksih turuna ||

24. Sinom

1. Apanji Sumaprawira | katgada sura ing galih | lèngsèr sangking ing ngayunan | laju samaptèng ajurit | mêpak abdi prajurit | santanane patang puluh | mariyêmira satunggal | nèng latar apacak baris | kidul kali karêtêg sampun binubrah ||

2. dhêdhasar wantêr sudira | sudibya bèr ing kuwanin | sampeka sura mêrata | amêmpêng taruna sêkti | Pangeran Madyèng ratri | budhal saha garwa kêbut | abdi tuwin santana | miwah sagunging pra mantri | ngili dhatêng sakilènipun bangawan ||

3. suwung [su...]

--- 95 ---

[...wung] kutha Kartaarja | tan ana janma sawiji | pangeran ciptaning driya | miringing tan kawêdhar ngling | dahat dènya pingit | ya ta wau kang winuwus | Pangeran Natapraja | nusul mring putra wus panggih | nunggil Pangran Serang lan Purwanagara ||

4. anèng Ngunèng pakumpulan | Sasradilaga ing ngarsi | lan Panji Jayapamuja | pangeran ngandika aris | Sasradilaga mangkin | kaya paran ing rêmbugmu | ngêndi patut ginêcak | Sasradilaga turnyaris | yèn kaparèng suwawi mring Kartaarja ||

5. kula wus badhami rêmbag | lan sasradirja Ngabèi | pêpatih ing Kartaarja | samăngsa paduka prapti | yêkti lajêng ngêmbuli | bandara Pangran Madiun | sampun samaptèng yuda | badhe amêngsah Kumpêni | ambantoni ing karsanipun kang raka ||

6. sadaya wus sami rêmbag | dhahar ing aturirèki | Tumênggung Sasradilaga | ondhang têngara tinitir | trêbang angklung lan bèri | bêndhe atanapi bêdhug | budhal wadya barandhal | ginêlak lampahing baris | dahat rusuh samarga ngrêrayah desa ||

7. kathahe wadya barandhal | kawan èwu malah luwih | kunêng lamine nèng marga | ing latar samana prapti | mung satêngah pal kari | lawan dalêm ing Madiun | Panji Sumaprameya | tumingal mêngsah gêng prapti | agambira madêg tyas sura marata ||

8. umiyat mêngsah anjirap | lir myat dyah yu rara sunthi | warastrane amawarna | kadi pangincanging alis | duk cêlak angrakêti | kadi dyah niba ing kasur | swarane kang sanjata | kadya kênya aminta sih | larap ingkang wastra kèngis ing sinjang[59] ||

9. katgadèng Sumaprawira | umadêg amarêpêki | nyandhak mariyêm pinasang | wadya pat puluh tan luwih | mangapit kanan kering | mung maryêm gamaning pupuh | pinusthi wus pramana | sinulêtan barêng muni | gumarudug lir galagah kawalagar ||

10. barandhal umangsah giyak | prapta sapinggiring kali | karêtêge wus binubrah | datan bisa nabrang kali | mariyêm lawan [la...]

--- 96 ---

[...wan] bêdhil | tan pêgat wusnya gumuntur | mimise kadi udan | mêngsahe wolu ngêmasi | ingkang tatu prasami bali lumajar ||

11. kang waras tumingal giras | lumayu tyasira miris | gya wangsul pangeran tiga | Sasradilaga umiring | lan Panji sing Mantawis | ing Ngunèng samana rawuh | lajêng samya rêmbagan | Sasradilaga turnya ris | yèn panuju gusti ing karsa paduka ||

12. kawula ingkang tumandang | dhumatêng ing Rajêgwêsi | ananging panuwun amba | paduka ngirida baris | wontên jawi nagari | mangke lamun sampun dalu | wontên wisma kabakar | paduka manjinga nagri | saha wadya laju amangrurah kutha ||

13. wus dadya ingkang rinêmbag | Sasradilaga lumaris | amung wolu kancanira | praptèng kitha Rajêgwêsi | ing pukul sanga ratri | anyêkêl wong jaga angkruk | sakawan wus binănda | lajêng binakta lumaris | manjing kitha umarêk rêkyana patya ||

14. tumênggunge datan ana | anèng jawi kitha baris | ature Sasradilaga | ki patih kula tinuding | ngaturkên brandhal inggih | kacêpêng cacahnya cur[60] | ki patih duk miyarsa | gêlayêm dènya mangsuli | wangunira kadi katagihan madat ||

15. lah ing kono ana bocah | iya ingkang tugu[61] buwi | iku padha tampanana | pasakitan papat iki | padha lêbokna buwi | kang kinèn tumandang gupuh | ya ta bandan binakta | lumêbêt sajroning buwi | jron kunjara lêlaran ana sawidak ||

16. ya ta lajêng pinêthokan | sadaya wus kinèn mijil | Sasradilaga brêgagah | jinêman wus dèn cêkêli | pasakitan umijil | kunjaran binasmi murub | sagunging wong lêlaran | dèn atag ngobong-obongi | wismèng patih paseban la[62] kabupatyan ||

17. kyana patih nunjang-nunjang | gègèr puyêngan sanagri | gêni sangsaya mangrêbda | wismèng kampung-kampung tapis | kabupatèn [kabu...]

--- 97 ---

[...patèn] barêsih | pangeran têlu tumanduk | angêrit wadyakuswa | lajêng samya angrayahi | bupatine ing Rajêgwêsi lumajar ||

18. liwung kuwur tanpa nalar | tambuh mungsuh tambuh gêni | barandhal gumriwis ngrayah | anèng kutha Rajêgwêsi | wus sami pacak baris | akèh wong ing desa Têluk | ya ta pangeran tiga | kumpul pirêmbagan sami | kados pundi mênggah prayogining lampah ||

19. Pangeran Purwanagara | yèn parêng pinujyèng galih | suwawi dhatêng ing Dêmak | lajêng anggêcak Samawis | ingkang tinilar ngriki | pun paman kewala rampung | pun Sasra umadêga | Bupati ing Rajêgwêsi | sampun dadya nut Pangran Purwanagara ||

20. para pangeran tetiga | têtêp anèng Rajêgwêsi | tansah suka andrawina | angirupi kanan kering | suyut samya anggusti | bangêt padhangan anungkul | nglunturan Jagaraga | Pamagêtan Bayêm Ngawi | samya anut sagunging wong desa-desa ||

21. kunêng kang lagyamong suka | gantya kang winuwus malih | Risidhèn ing Surabaya | sampun budhalakên baris | Madura lan Kumpêni | kang dadya tindhihing laku | saradhadhu kumêndhan | wong Madura kang nindhihi | namanira Ariya Purbanagara ||

22. mijil laut lampahira | mêntas muarèng Garêsik | mung sêdalu kèndêlira | enjinge lajêng lumaris | ing Lamongan wus prapti | kèndêl alêrêp sadalu | ginêlak anèng marga | praptèng kutha Rajêgwêsi | laju tata pacak baris jawi kutha ||

23. ya ta pangeran têtiga | sampun ngaturan udani | yèn wontên mêngsah gêng prapta | sangking nagri Surawèsthi | samana kumpul sami | ngrêmbag prayogine mêthuk | matur Sasradilaga | sae pinêthuk ing jawi | sampun dadya kang rêmbag saksana bidhal ||

24. swaraning wadya gumêrah | kang măngka tungguling jurit | inggih pangeran têtiga | kang

--- 98 ---

dadya panata baris | Sasradilaga ngarsi | Kramasetan wurènipun | Panggangwewe jajarnya | sami wong asugih wani | sampun prapta baris sajabaning kutha ||

25. wawan-winawan narajang | Kumpêni nadhahi[63] | bêdhilira barondongan | mariyême anyundhuli | sangkuh lan tumbak uthik | pêdhang tarung lawan pênthung | rame rukêting yuda | caruk rok agolong pipit | ting barêkuh ngungkih ganti amarjaya ||

26. wadya Kumpêni kèh pêjah | kaslêpak tan bisa bêdhil | rinukêt agulagêpan | lumbungan mundur tumuli | wong Madura ngunduri | barandhal aprange kadung | wus bênggang kang ayuda | sunapan brondong amuni | mariyême pakolèh munya marambah ||

27. enjing praptèng lingsir wetan | dènira rukêt ing jurit | Kumpêni Madura rusak | bênggang bêdhile wus muni | mimis kadi garimis | barandhale kabur mawur | Kumpêni masanggrahan | barandhale kumpul malih | surup surya byar enjing campuh malih prang ||

28. cinaturakên kewala | dènira prang tigang ari | Kumpêni kathah kang pêjah | barandhal miris angisis | ya ta pangran kang katri | wus rêmbag pra sami mundur | nêdya mukul ing Dêmak | lajèng gitik mring Samawis | kang tinilar Tumênggung Sasradilaga ||

29. sangking Rajêgwêsi budhal | Kumpêni tandya ngunduri | mantuk dhatêng Surabaya | barandhal wus sami gusis | dèrèng manggèn ing warti | pangran têlu dènya ngumpul | lampahira wus prapta | nagari ing Surawèsthi | wong Madura mantuk dhatêng prajanira ||

30. sampun katur marang sultan | sasolahira ing jurit | lajèng kinulawisudha | sadaya kang jayèng jurit | kunêng kang ganjar dasih | Sasradilaga winuwus | ngadêg baris padhangan | angayomi tiyang alit | wus akathah dènya kumpul wadyabala ||

31. nêngna gantya winursita | lampahe pangeran [pangera...]

--- 99 ---

[...n] katri | kang nêdya marang ing Dêmak | samarga anjêjarahi | wong desa kathah ngungsi | kang katrajang kawur mawur | dhasare brandhal dêlap | dhêmêne ngrusak wong cilik | lan Kumpêni yèn yuda mundur sasaran ||

25. Durma

1. ya ta brandhal kang sawêg sami lumampah | desa kang dèn liwati | bubar asasaran | rinayah sadarbèknya | dahat dènya kawlas asih | sami singidan | lumêbêt ing wanadri ||

2. kunêng gantya kang tugur anèng Ngayugya | sagung wadya Kumpêni | lan wadya Madura | langkung dènya musakat | margi sangking kirang bukti | mangkya katêtah | kaparak ing gagêring ||

3. dadya kathah wong Madura ingkang pêjah | tuwin wadya Kumpêni | kêna ing lêlara | awit rusuh ing têdha | sabarang ingkang kabuli | satêmah dadya | sandhang roga ngêmasi ||

4. wit wadyalit ing desa tan kobêr sawah | wontên kang olah sabin | parine tinêdha | mring sagung ama sawah | marmèng sagunging wong tani | sami asusah | wong kang gêdhe prihatin ||

5. wong Kumpêni solahe wayang-wuyungan | dènira dèrèng yakim[64] | panggenane Sultan | Dul Kamit Hèrucakra | barandhal saya gung mangkin | ing tanah Jawa | kang angraman sapalih ||

6. milanipun pra sami wayang-wuyungan | tandya parentah aglis | mring wadya Madura | kinèn marang ing Dêmak | jagi ing Dêmak nagari | nagri Ngayugya | ngamungêna Kumpêni ||

7. tandya budhal sadaya wadya Madura | kang sami maksih urip | watawis kathahnya | nêm atus ingkang gêsang | datan kawarna ing margi | wus praptèng Dêmak | lajêng manjing nagari ||

8. wong Madura ngalun-alun pondhokira | sawênèh mondhok masjid | langkung dènya rêsah | tatane wong Madura | tan kêni wadon kaèksi | lajêng rinampas | banjur dipun ramuhi ||

--- 100 ---

9. wadon siji dèn ramuhi wong têtiga | sawênèh wong kêkalih | trakadhang dèn but pat | pama dudu wong Dêmak | sayêkti kathah bilai | wong Dêmak dhasar | wadone tau julig ||

10. datan mirsêr dèn êbut wong nênêm lila | malah sangsaya wani | lamun wong don Dêmak | wantêr-wantêr yudanya | dadya wong Madura sami | anèng ing Dêmak | kathah kang nandhang agring ||

11. wontên pêjah wong Dêmak tambuh kewala | margi panasing ati | dene rabènira | wênèh nak kadang wăngsa | prasami dipun ramuhi | cinacah-cucah | malah wong Dêmak sami ||

12. kathah murih cilakane wong Madura | gênti ingucap malih | wau lampahira | Pangeran Natapraja | lan Pangran Serang utawi | katiganira | Pangran Purwanagari ||

13. kacature Dyan Panji Jayapramuja | bêktan sangking Mantawis | wadyanira kathah | samarga angrêrayah | wong desa kèh kawlas asih | angungsi wana | saanak rayatnèki ||

14. Randhublatung Pangeran dènya kumpulan | mangkana kang winarni | Pangran Natapra[65] | alon dènira nabda | mring Pangran Purwanagari | lah paran karsa | yayi lampah puniki ||

15. alon matur Pangeran Purwanagara | Grobogan yèn suwawi | ginêbag ing ayuda[66] | manawi sampun bêdhah | lajêng ing Dêmak ginitik | yèn sampun bêdhah | lajêng dhatêng Samawis ||

16. jêng paduka dados têtungguling yuda | inggih wontên ing wuri | kula wontên ngarsa | mênggah angsahing yuda | kawula dhatêngi ratri | supados samya | gugup tyangipun sami ||

17. kapinujon Pangran Arya Natapraja | Pangeran Serang sami | samakta ing yuda | têngara tandya budhal | gancanging carita prapti | ing Garobogan | gègèr wong ing nagari ||

18. dipatine saputra santananira | myang wadya para mantri | mêthuk ing

--- 101 ---

ayuda | nèng sajawining kutha | Pangeran Purwanagari | sarêng umiyat | tinanggulang ing jurit ||

19. ngatag wadya umangsah ngangsêg ing yuda | laju campuh ing jurit | brandhal ting galedrah | anunjang sarwi surak | wong Grobogan anadhahi | karoban lawan | kèdêg kèlês kalindhih ||

20. bubar larut barise wadya Grobogan | pra sami rêbat urip | tumênggung lumajar | datan tolih ing wadya | tan karuwan ing pangungsi | tilar nagara | garwa tanapi siwi ||

21. ya ta wau Pangeran Purwanagara | lawan para prajurit | lajêng manjing kitha | lan Pangran Natapraja | Pangeran Serang tan kari | sawadyakuswa | tuwin para pawèstri ||

22. ingkang ibu Pangran Arya Natapraja | Dyan Ayu Serang nami | kadangira warda | [...][67] | garwane pangran dipati | sinuhun raja | duk durung madêg aji ||

23. sura sêkti sumbaga guna prawira | saciptanira dadi | tut wuri kang putra | saparan andon yuda | ya ta wau pangran katri | têtiyang desa | sadaya dèn irupi ||

24. santanane Adipati Garobogan | kathah kang samya ngabdi | mring pangeran tiga | mila sangsaya kathah | balanira pangran katri | wataranira | rong èwu kang prajurit ||

25. ya ta Pangran Natapraja pirêmbagan | lan kang paman utawi | Pangran Arya Purwa | Nagaraja Pamuja | yayi Mas Purwanagari | paran ing karsa | inggih lampah puniki ||

26. lon umatur Pangeran Purwanagara | suwawi yèn marêngi | lajêng dhatêng Dêmak | lajêng gêbag Samarang | Pangran Natapraja angling | mangayubagya | payo budhalna yayi ||

27. ingondhangan têngara bêndhe wurahan | ambodholakên baris | marga tan winarna [winar...]

--- 102 ---

[...na] | lampahira wus prapta | ing Dhèmpèt kang têpiswiring | kutha ing Dêmak | bêkêl Dhèmpèt winarni ||

28. Ănggamêrta[68] pan sampun miyarsa warta | wong desa dèn ondhangi | kumpulan sawega | watara wolung dasa | samêkta kaprabon jurit | arsa mêthuk prang | barandhal ingkang prapti ||

29. Ănggamêrta manabda mring kancanira | hèh kabèh kănca mami | tuwin kadang ingwang | kang warda myang taruna | ing benjang têmpuh ing jurit | aywana obah | yèn ingsun misih urip ||

30. kabèh padha anaa ing wurèningwang | ingsun kang anèng ngarsi | asaur kukila | kyai dipun pitaya | tan nêdya pisah lan yayi | pêjah gêsanga | sadaya anglabuhi ||

31. tandya budhal Ănggamêrta sawadyanya | jaban desa miranti | pajêg barisira | samana brandhal prapta | cucuking baris tur uning | para Pangeran | Arya Purwanagari ||

32. kuningana tiyang Dhèmpèt nanggulang prang | pangeran ngandikaris | mriyêm unèkêna | dyan sami sinulêdan | mimis tibane lir riris | sagung wong desa | tyasira kêkês miris ||

33. kathah minggat kancanira Ănggamrêta | watawis ingkang kèri | kantun kawasan dasa[69] | Ănggamrêta nèng ngarsa | gêdhangkrang munggèng turanggi | amusthi watang | panggah dahat gumingsir ||

34. duk samana Pangeran Purwanagara | katgadèng anglancangi | baris nèng turăngga | pan sarwi sinongsongan | ngapit wadya kanan kering | dupi wus cêlak | marunasta camêthi ||

35. sarwi nabda hèh Dhèmpèt sira elinga | lamun sira wong cilik | marmèngsun mangun prang | kang ingsun rêbut sira | aywa kaprentah Kumpêni | Ki Ănggamrêta | waspada aningali ||

36. lamun ingkang angirit brandhal punika | putra sangking Samawis | ing nguni wus [wu...]

--- 103 ---

[...s] wikan | wanuh anèng Samarang | tandyanjog sangking turanggi | guwang gêgaman | lumajêng marêpêki ||

38.[70] praptèng ngarsa lajêng anungkêmi pada | sarwi umatur aris | anggèr datan nyana | inggih lamun paduka | ingkang amangirit baris | nênggih samangkya | dhèrèk marang ing gusti ||

39. yèn suwawi kawula aturi têdhak | wismanipun kang abdi | anglêrêpkên wadya | kaliyat satata[71] | angumpulakên wadya lit | lêga ing driya | Pangran Purwanagari ||

40. ya ta laju lampahe brandhal sadaya | samana sampun prapti | pangeran têtiga | tuwin Dyan Ayu Serang | Ănggamrêta atur panti | para karaman | gêng alit sukèng galih ||

41. siyang dalu tan pêgat dènya kasukan | agung sunggatanèki | mragat lêmbu mesa | menda bèbèk lan ayam | andrawina ari ratri | para manggala | nutug sukaning galih ||

42. wus misuwur desa kanan keringira | Ănggamrêta patinggi | nênggih Dhèmpèl[72] desa | pinitaya pangeran | wong ing desa kathah prapti | dalu myang siyang | sakapraboning jurit ||

43. sangsaya gêng wadyabalane barandhal | kunêng gantya winarni | Tumênggung Jêpara | sampun miyarsa warta | ing Dhèmpèt kidêkan baris | kalangkung kathah | datan kêna winilis ||

44. tindhih baris wadyabala ing Jêmpara[73] | kumêndham lan ngabèi | parentah ing wadya | samêkta anglanggar prang | mring Dhèmpèt kanggonan baris | wong angaraman | arsa pinurwèng jurit ||

45. ondhang bêndhe têtêke ya butula[74] | samêktaning ajurit | budhal kadi gêrah | tri atus prawira | ing marga datan winarni | wadya Jêmpara | kikising Dhèmpèt prapti ||

46. kawarnaa Pangran Arya Natapraja | Pangran Purwanagari | katri Pangran Serang | Panji Jayapamuja | Ănggamrêta munggèng ngarsi | parêk manêmbah | Ănggamrêta

--- 104 ---

turnyaris ||

47. dhuh pukulun kawula atur uninga | wadya Jêmpara prapti | tan mawi Walănda | samya Jawi kewala | Pangran Natapraja angling | paran karsanta | yayi Purwanagari ||

48. nêmbah matur Pangeran Purwanagara | inggih lamun suwawi | tinanggulang ing prang | kula pangarsanira | paduka wontên ing wingking | angirit wadya | sagung para prajurit ||

49. ingondhangan têngara wadya barandhal | bêndhe tinitir-titir | Kyai Ănggamrêta | manggalèng pabarisan | tri atus wira tan luwih | wadya barandhal | ingkang dipun tindhihi ||

50. warastrane mawarna bandhil lan tumbak | pêdhang kalewang bêdhil | wurine Pangeran | Purwanagri sawadya | sèwu wira amêpêki | warastranira | mariyêm tumbak bêdhil ||

51. kang mungkasi Pangran Arya Natapraja | lan kang paman tan têbih | nênggih Pangran Serang | wus praptèng jawi desa | tandya samya tata baris | gamêng anggabag | balabar angèbêki ||

52. wong Jêmpara umiyat mêngsahnya prapta | katgada angêdrèli | surak kadi gêrah | kadya glagah kawlagar | ngrêsing mimis lir garimis | barandhal nunjang | rame bêdhil-binêdhil ||

53. dyan umangsah Pangeran Purwanagara | sawadya amangungkih | tuwin Ănggamrêta | liwung pangamukira | nganan ngering amêmati | wadya barandhal | lir buta antuk daging ||

54. kèdêg kèlês prangira wadya Jêmpara | luluh karoban tandhing | kathah ingkang pêjah | kang waras sami giras | lumayu tan tolih wuri | kasalang tunjang | tan ana tolih gusti ||

55. bubar larut barise wadya Jêmpara | manggalane lumaris | ngabèi kaponthal | pisah lan wadyanira | dènira ngupaya urip | manjing ing wana | ya ta ingkang winarni ||

56. Pangran Arya Natapraja lan kang paman | Pangeran Serang tuwin | ari Jêng Pangeran | Arya Purwanagara | Dyan Ayu Serang nulya glis | parentah [pare...]

--- 105 ---

[...ntah] wadya | ambodholakên baris ||

57. lajêng gitik dhatêng nagari ing Dêmak | budhal sagunging baris | lir samudra bêna | sakèh desa kamargan | prasami têluk angabdi | ya ta lampahnya | ing Godhong sampun prapti ||

58. dhusun agêng inggih ing Godhong punika | lêrês apacak baris | prasami kasukan | suka sagung wong desa | saya kathah kang sumiwi | kunêng kang lagya | anèng ing Godhong baris ||

59. kang winarna sira Sang Dipati Dêmak | sampun miyarsa warti | mêngsah agêng prapta | anèng ing Godhong desa | angirupi kanan kering | dahat sungkawa | tyasira sang dipati ||

60. sang dipati laju akarya pustaka | tur uningèng Samawis | surat sampun dadya | sinungkên marang duta | tinampèn lajêng lumaris | agêgancangan | sampun praptèng Samawis ||

61. dumarojog duta tumamèng ing ngarsa | pinundhut kang kintèki | mulung wus katampan | binuka sinuksmèng tyas | bêbukane kang kintèki | Dipati Dêmak | kawula atur wuri ||

26. Pangkur

1. wontên mêngsah agêng prapta | anèng Godhong dènira macak baris | prajurite langkung agung | datan kenging winical | bawah Dêmak tiyang alit wus dèn irup | mila sangsaya mangrêbda | ambêboyong anjarahi ||

2. ingkang angirit têtiga | Pangran Arya Natapraja utawi | Pangran Serang katrinipun | Pangran Purwanagara | catur Panji Jayapamuja Mantarum | têtunggul Dyan Ayu Serang | kalêrês ibunirèki ||

3. Pangran Arya Natapraja | kapat sami prawira ing ajurit | kawula anyuwun bantu | titi raosing surat | tuwan Risdhèn Dhomis angaturi gupuh | Dyan Dipati Mretalaya | bupatine ing Samawis ||

4. mring Kumpêni pinarcaya | wus katonton pakaryane ing nguni | milane jinunjung

--- 106 ---

lungguh | anèng nagri Samarang | sampun labuh duk Palembang bêdhahipun | mila dahat kapracaya | dyan dipati mring Kumpêni ||

5. lawan kolnèl ing Samarang | tan adangu sakalihan wus prapti | tundhuk gya satata lungguh | kinèn sami nupiksa | suratira Adipati Dêmak wau | palêstane lon turira | Radèn Dipati Samawis ||

6. kula pribadi kang mapag | risidhèn lon nabda tan ayogyani | lamun dyan dipati mêthuk | kinèn jagi Samarang | gya parentah mring kulnèl ingkang tinuduh | nanggulang prang saha bala | Kumpêni bètèng Samawis ||

7. kanthi wadya ing Madura | ingkang jaga Dêmak dunên ing jurit | lawan ripu ingkang rawuh | kang anèng Godhong desa | tan sawala tabe kulnèl lajêng mundur | risdhèn tan catur uninga | dhatêng Tuwan Jendral Panggin ||

8. punika ingkang barisan | nèng Kalathèn sawadya munggèng biting | tan kawarnèng marga rawuh | surat wus tinampenan | katupiksa kadriya surasanipun | tuwan jendral aparentah | ambudhalakên prajurit ||

9. kunêng kang lagya lêlampah | kawarnaa kulnèl kumdham Kumpêni | kang arsa nanggulang pupuh | ondhang sampun samapta | para upsir kang badhe ginawa nglurug | gya pêtêg têngara budhal | sangkêp kapraboning jurit ||

10. anggrêgut lampahing bala | umung gumrah tabahan munggèng ngarsi | salomprèt kalawan tambur | gancanging kang carita | lampahira kutha ing Dêmak wus rawuh | Kulnèl Dhêbron wus kapagya[75] | lawan rahadèn dipati ||

11. Kumpêni pajeg barisnya | nèng jabaning kutha wus amiranti | wong Madura sampun ngumpul | mila barise babag | suldhadhune Kumpêni pan langkung sèwu | ya ta Sang Dipati Dêmak | mring kulnèl umatur aris ||

12. yèn pinuju karsa tuwan | baris Godhong wawi pinalut jurit | barandhale sampun agung | kulnèl mangsuli sabda | inggih tuwan dipati [di...]

--- 107 ---

[...pati] kula wus rêmbug | kèndêl ngantosi punapa | dangu-dangu lèrèh ngriki ||

13. prayogi tumuntên bidhal | yèn kadangon bokbilih kapiyarsi | risidhèn sayêkti bêndu | dene prakawis mêngsah | wong Kumpêni kang kinèn nanggulang pupuh | ature Dipati Dêmak | suwawi nuntên ginitik ||

14. lajêng buja andrawina | sampurnane wau radyan dipati | sawega kaprabon pupuh | calăna cara Lănda | tandya mundhut turăngga sumaos ngayun | kuda wêdalan Mêkasar | awasta pun Imbamayid ||

15. apan sampun tinitihan | bêndhe ngungkung ambudhalakên baris | dene manggalaning laku | Ngabèi Gathutkaca | warangkane Dipati Dêmak puniku | Kulnèl Dhêbrun tandya ondhang | têngara budhalkên baris ||

16. gumêr gumuruh swaranya | tambur slomprèt suling bêndhe lan bèri | samarga swarane umung | andulur lampahira | tan winarna ing marga samana rawuh | ing têpiswiringing desa | laju tata pacak baris ||

17. kunêng kang sampun samapta | gantya Pangran Purwanagara tuwin | Pangeran Nataprajèku | katri Pangeran Serang | kapat Panji Jayapamuja winuwus | Ănggamrêta marêk ngarsa | Dyan Ayu Serang tan têbih ||

18. ya ta Pangran Natapraja | matur marang kang ibu awotsari | lah punika kangjêng ibu | mêngsah Kumpêni prapta | Radèn Ayu Serang amangsuli wuwus | kulup amapaga yuda | sêlamêt prangira kaki ||

19. manabda malih pangeran | paran karsa yayi Purwanagari | pangran mangsuli sabda rum | yèn kaparêng ing karsa | jêng paduka kakang mas dhadhaning pupuh | anindhihi wadya dharat | kula ingkang mênjawati ||

20. nindhihi wadya turăngga | tangkêping prang narajang ayya wigih | wus dadya gêlaring kewuh | ondhang mring wadyabala | asawega [asawe...]

--- 108 ---

[...ga] samêkta kaprabon pupuh | gya bidhal sangking ing desa | praptèng jawi pacak baris ||

21. pan sampun sawang-sinawang | wadya brandhal lawan wadya Kumpêni | kulnèl angabani gupuh | mariyêm lan sunapan | sinumêdan swarane lir gunung jugrug | mriyêm brandhal sinumêdan | swara lir gêlap sakêthi ||

22. surakira kadi gêrah | tambur slomprèt kêndhang bèri tinitir | palagan pêtêng ngêndhanu | Pangran Purwanagara | duk tumingal palagan dhêdhêt lir pêdhut | tandya angabani bala | narajang majêng nir wèsthi ||

23. lan Kiyai Ănggamrêta | gya manêmpuh sawadya ambêg pati | duk miyat prajuritipun | Pangran Anatapraja | atêtulung golong musthi watang nêmpuh | Kumpêni liwung prangira | kadho rinukêt ing jurit ||

24. caruk rok ulêng-ulêngan | pêdhang tumbak caruk kalawan bêdhil | mariyême padha bisu | mung sangkuh lawan tumbak | kuthik pêluk warastra jagur-jinagur | sêbrak-sinêbrak dugangan | ukêl gya tarik-tinarik ||

25. sêrêg-sinêrêg putêran | liru papan gantya kandhih-kalindhih | mungsuh rowang kathah lampus | bangke sungsun matumpang | racak-racak ing payudan banjir marus | barandhal ngrukêt manunjang | Kumpêni panggah gagahi ||

26. ya ta Lurah Ănggamrêta | ngamuk rampak Pangran Purwanagari | sawadyabalanirambyuk | tan pasah dening braja | kabur kawur Kumpêni tinrajang gêmpur | Pangeran Panatapraja | sawadyane ambêg pati ||

27. kang ibu jênêngi wuntat | bubar larut Kumpêni bosah-basih | gandhih kalih gya mundur[76] | bênggang Kumpêni mapapan[77] | bêdhil mriyêm akèh kabandhang ing mungsuh | kasaput ing suryan wisa | sapih kang amangun jurit ||

28. Kumpêni amanggrahan[78] | brandhal wangsul marang ing Godhong malih | kunêng kang wus samya [sa...]

--- 109 ---

[...mya] ngumpul | Kumpêni cinarita | Kulnèl Dhêbrun anacahkên kancanipun | Kumpêni Jawa Madura | kathah sami ngêmasi[79] ||

29. tuwan[80] ingkang nandhang brana | tuwan kulnèl susah prangnya kalindhih | ya ta wau kang cinatur | kongsi limalas dina | dènira prang Kumpêni tan manggih unggul | sabên ri aprang kasoran | barandhale sura sêkti ||

30. dalune Godhong winarna | Pangran Natapraja agunêm pikir | lênggah kalawan kang ibu | Rahadèn Ayu Serang | lan kang rayi Pangran Serang munggèng ngayun | Pangeran Purwanagara | Jayapamuja tan têbih ||

31. bêkêl Kyai Ănggamrêta | para lurah gunêm rèhing ajurit | Dyan Ayu Serang nabda rum | kulub babing ngayuda | lawan anak Purwanagara yèn rêmbug | lan yayi Mas Pangran Serang | padha ngantêpa ing jurit ||

32. samya umatur sandika | Pangran Serang wotsari matur aris | inggih prayogi bak ayu | wadya kula grobagan | sampun dhatêng samêkta kaprabon pupuh | paran rêmbage anak mas | Pangeran Purwanagari ||

33. pangeran nêmbah turira | yèn pinuju ing karsa atur mami | wadyabala pinartêlu | tuwan anindhihana | wadya tuwan sadaya dados pangayun | de kang Mas Panatapraja | dadosa dhadhaning baris ||

34. abdi Tuwan Ănggamrêta | kang minăngka suwiwènipun kering | kula dadya kananipun | gêlar garudha nêba | sirah mangsah badan lan suwiwi ngêbyuk | sampun mawi ingomberan | mariyêmipun anunggil ||

35. lan ingkang bêkta sanjata | Kangmas Pangran Natapraja nindhihi | sadaya wus sabayantu | enjange kawarnaa | tuwan kulnèl apan wus parentah gupuh | têngara mangsah ing yuda | wus apajêg pacak baris ||

36. barandhal barise tata | wus ayunan yun lan mêngsahnèki [mêng...]

--- 110 ---

[...sahnèki] | maryêm bêdhil munya barung | swara lir gunung bêntar | pêtêng dhêdhêt kang kukus lir têngah dalu | Pangeran Serang parentah | lan Pangran Purwanagari ||

37. tuwin Lurah Ănggamrêta | sarêng mangsah saha wadya mangungkih | mriyêm bêdhil wus kalangkung | laju caruk warastra | tandangira barandhal lir buta sèwu | parêng ambyuk amangrêmpak | gègèr kuwur wong Kumpêni ||

38. kulnèl lan upsir sadaya | myang Dipati Dêmak tan kiwul ing jurit | grêgut umangsah kuwangsul | suldhadhu kèh kabranan | wong Madura kang apanggah akèh lampus | tambuh mungsuh lawan rowang | luluh dènira ajurit ||

39. têguh-têguh wadya brandhal | apan lagya winongwong ing Hyang Widhi | prang wit enjing praptèng surup | Kumpêni sami sayah | lawan luwih dènira prang anggaluyur | barandhal ngangsêg tan bênggang | kulnèl ngundurakên baris ||

40. Kumpêni mundur wus bênggang | wong Madura kathah ingkang ngêmasi | Dipati Dêmak lumayu | lan kulnèl wus amisah | Adipati ing Dêmak sawadyanipun | lajêng mantuk dhatêng Dêmak | praptèng kutha pacak baris ||

41. barandhal anglut ing mêngsah | datan kêndhat samarga angrayahi | wong padesan kathah nungkul | mila sangsaya kathah | praptèng Mintrêng wontên Kumpêni kang mêthuk | tigang atus kathahira | barandhal nêmpuh ing jurit ||

42. rame prang mung têlung êjam | kèdêk kèlêm prangira wong Kumpêni | kèh kanin lan kapupu[81] | kang gêsang sami bibar | wong ing Mintrêng sadaya sami anungkul | nut barang parentahira | barandhal lajêng lumaris ||

43. praptèng jawi kitha Dêmak | Dipatine Dêmak nanggulang jurit | kalawan punggawanipun | Ki Patih Gathutkaca | paksa Surakarta ananggulang ripu | Pangeran Purwanagara | lawan Ănggamrêta nuli ||

44. sawadya ngamuk mangrêpak | mriyêm [mri...]

--- 111 ---

[...yêm] bêdhil kadya ruging kang ardi | wadya Dêmak kabur mawur | Dipati Dêmak minggat | lan sawadya mantrine mawur malêdug | siluman manjing ing wana | saanak rabi tan kari ||

45. Kyana Patih Gathutkaca | minggat dhêlik angungsi mring wanadri | barandhal lajêng malêbu | marang kutha ing Dêmak | amboyongi pawèstri jarah brana gung | sagunging wadya barandhal | dahat sukanira sami ||

46. boyong èstri antuk donya | sah ing kukum sagung para pawèstri | lamun boyongan puniku | wus kalal lan paningkah | wong pawèstri kang sami binoyong iku | malah dahat sukèng driya | dèn ta banjur dèn ramuhi ||

47. dhasar Dêmak tate tatal | sura têguh ngaliyêg sabên ratri | kasambadan mangkya nêmu | mungsuh mêntas katlarag | dadya campuh ngayuda sakayun[82] | datan ana kang tinaha | tandhing wira sura sêkti ||

48. kunêng pangeran têtiga | kapat panji manjing wismèng dipati | Dyan Ayu Serang wus kumpul | lawan Ki Ănggamrêta | angêbroki Gathutkaca wismanipun | jinarah raja darbèknya | binage sampun waradin ||

49. suka pawong sanakira | Ănggamrêta kang sami baya pati | padha karênan ing kalbu | myang sagung bala tăntra | suka-suka kasukan siyang myang dalu | boyong èstri antuk donya | manggih wisma amiranti ||

50. suyud wadyabala Demak | kang marêngkang winasesa ing jurit | pawèstrine kèh kalayu | padha dadya barandhal | sore baris lamun wektu dalu nglurug | dêdungik răndha wêlanjar | ananggulang ripu sakti ||

51. barandhale panggah gagah | panggih padha prajurit sura sêkti | sagon-gon dènira campuh | rukêt silih prabawa | dhasar wantêr èstri Dêmak aprang dalu | tate kinarubut ing prang | tan kewran rinoban tandhing ||

52. tau atandhing sumêngka | ingkang madya binut sănga tan wiwrin | ana kang binut sapuluh | mungsuhe [mungsuh...]

--- 112 ---

[...e] tan wisesa | kenging ing kamayan bayunira racut | temahan srah jiwa raga | sawenèh murut lumaris ||

53. kaloka kajanapriya | dêdungik ing Demak yèn sura sêkti | kunêng gantya kang winuwus | Panji Jayapamuja | mubêng-mubêng anèng ing pungkuran dangu | kaparanggul ing wanita | manggunge ki adipati ||

54. ing wanci madek sapisan | warna ayu wiraga milangoni | Jayapamuja andulu | marêpêki têtanya | sira sapa warnanta maksih nom punjul | ngujiwat wotsari turnya | inggih kawula puniki ||

55. sêlire Dipati Demak | Panji Jayapamuja lingiraris | apa ta sira sarêju | mèlu marang manira | nêmbah matur tumungkul ngusapi êluh | sumăngga nut karsa tuwan | yèn sotah ngabdèkkên mami ||

56. mangsuli Jayapamuja | marenea tut wuria mring mami | wanita nut atut pungkur | Panji Jayapamuja | malbèng pondhok gya umanjing mring jinêm rum | wanita kandhêg ing jaba | sarwi anata mêmanis ||

27. Dhandhanggula

1. tan sarănta wanita kinanthi | gya binakta umanjing ing tilam | dèn êlus-êlus sri natane[83] | pinaripih ingungrum | aywa dadi tyasira yayi | pan amung apuranta | maring sun kang agung | sangking tan kawawa nandhang | kataman ing turidasmara mas gusti | kang mimba kumalèngrat ||

2. liwunging tyas sangking gênging kingkin | kerut dening manising wadana | brastha sirna prayitnane | setan ingkang angriwuk | limuting tyas kalamun lagi | ngadoni ngadilaga | karsaning Yyang Agung | jurunging tyas kang durmala | ing wasana kalantur angarih-arih | dhuh atma jiwaningwang ||

3. awlasana paringa jêjampi | wukir ali[84] kilèning samodran | baya iki wus wijile | ingsun tinitah mêngku | wanudyèndah baya absari | Kusuma Wilutama | kang lagya tumurun | anêdhaki kawlasarsa | yam-yam tilam jêjimating

--- 113 ---

ing jinêmrik | gambir-gambira laya ||

4. wus dèn êmban tansah miwal kapti | wiragane mèsêm angujiwat | kacaryan miyat baguse | widagda ing pangungrum | nabda matur anyêndhal liring | gusti udhunna ingwang | parlu yun têturuh | winangsulan sabda marta | aywa susah sênea ngêmbanan yayi | kang mimba kumalèng rat ||

5. rum-aruming kartikaning sari | kang salaga mas rêtna pakaja | ingkang wit êmas galigèn | apan sarwi angidung | kidungira ing têmbung kawi | sardula lan swandana | swara lud tyas arum | wêgang lan găndakusuma | kumayu kakênan tyasnya muriring[85] | cape lêsu marlupa ||

6. sinarèkkên anèng kasur sari | ripu dibya sarosa marwasa | katalampik panangkise | paris malela sumyur | katamaning ing gada wêsi | naratas marang ăngga | tan tumama têguh | kasor ngasmaradilaga | asrah jiwa bêdhahing Dêmak nagari | kunêng gantya winarna ||

7. tata[86] tita wus antara lami | pangeran tri nutug akasukan | anèng Dêmak sawadyane | wong cilik samya suyut | Ănggamrêta jinunjung linggih | Bupati Garobogan | wêwah gêng tyasipun | Rahadèn Puspakusuma | wus ingangkat nèng Dêmak dadya bupati | wuwuh kèh wadyanira ||

8. sigêg kang wontên Dêmak nagari | ing Samarang ingkang winursita | risidhèn singkêl driyane | têlas pêjah kapupu | amung kantun wadya atlêri | Lasbègêr maksih wêtah | wus pinatah wau | anjagèni marna-marga[87] | parapatan jinaga mariyèm kalih | prapatan jawi kitha ||

9. kartêg gantung jinonjitan sami | Bègêrira pinatah ajaga | jawining nagari kabèh | giliran patrapipun | marga-marga prapatan sami | sadaya jinaganan | pinêpêt sadarum | tinumpukan balok kathah | rina wêngi

--- 114 ---

wong cilik anggarap biting | mêpêti têngah ratan ||

10. wisma-wisma sapinggiring margi | binubrahan kinèn angaliha | jro kutha dahat liwunge | samya lit manahipun | dyan dipati mêntas asakit | dèrèng waluya pisan | lagya rumbu-rumbu | kasusu watir ing driya | matur marang risidhèn pan arsa mijil | nanggulang prang mring Dêmak ||

11. Risdhèn Dhomis sangêt anggendholi | kadiparan nagara Samarang | kalamun sinuwungake | ya ta malih winuwus | sakathahe para Walandi | marpika ing Samarang | samyanglês tyasipun | sawênèh ngungsi mring palya[88] | sarabine myang atmaja datan kari | sangking mirising driya ||

12. sagung para tuwan-tuwan langhir | pinundhutan turun mring nagara | prajurit tuwin pangane | sadaya sabayantu | angaturi marang nagari | wontên kang urun pangan | kang sawênèh urun | prajurit sapirantinya | ari ratri puyêngan praja Samawis | mung wong kampung kang bungah ||

13. sabên ari pra sami galidhig | bayaranira pan mindhak kathah | dodolan akèh payune | marmane tiyang kampung | samya suka anglêliwati | dènya ngupaya boga | cukup malah langkung | ya ta wus antara lama | dènya susah para manggalèng Samawis | bantune dèrèng prapta ||

14. kunêng gantya kang pinurwèng kawi | wadya Bèlgêr nêggih kang ajaga | nèng grêdhu wiru prênahe | wetan kutha puniku | kang nglêrêsi jagi wong Bugis | enjing wanci jam sanga | andulu wong langkung | sajuga murang ing marga | analasak mijil satêngahing sabin | anulya pinarpêkan ||

15. kang lumampah wikan dèn parpêki | gya lumajêng mangidul lampahnya | binuru dèn tut lampahe | tan wikan lamun kidul | inggih wontên ingkang jagèni | gya binujung wong kathah | kinêpung lor kidul | wus kacandhak pinusara [pinusa...]

--- 115 ---

[...ra] | dhinedhelan kapanggih ngandhut kintaki | nèng sajroning sabukan ||

16. tinakonan ingkang kirim tulis | jarwa Pangeran Purwanagara | kang wontên Dêmak ing mangke | surat kalih puniku | kang satunggal kaatur maring | Kolonèl Dhêbrun ingkang | satunggal punika |[89] mring kang ibu garwanira | jêng kiyai dipati dhongkol têrbanggi | tandya laju binakta ||

17. duta wau dhatêng ing Samawis | tan cinatur ing marga wus prapta | ing kadipatèn jujuge | pan sampun canthèl katur | dhatêng wadya kang têngga kori | mangkana Dyan Dipatya | Martalaya wau | bandan kinèn bêkta cêlak | wus kapriksa saliring pakarya titi | purwa madya wasana ||

18. datan suka sajrone panggalih | dyan sawega kinèn rakit rata | samêkta gya budhal age | surat kalih kinandhut | kang ngabêkta sampun binuwi | ing marga tan winarna | ing loji wus rawuh | lan Risdhèn Dhomis apanggya | dyan kinanthi manjing ing kamar kêkalih | risidhèn dyan dipatya ||

19. gya umatur rahadyan dipati | ing wiwitan praptaning wêkasan | sarta ngaturkên surate | kalih tinampèn sampun | mring risidhèn binuka aglis | kang mring kulnèl têmbungnya | wuse tabenipun | kaurmatan kathah-kathah | wiyosipun rèhning nguni wus prajanji | inggih lawan kawula ||

20. sabayantu gèn sun mangun jurit | lan sawadya Kumpêni sadaya | ngrurah Samarang badhene | dene sudara mundhut | arta karyèng ingon prajurit | sudara sampun susah | kula sampun kintun | surat mring ibu dipatya | ing Trêbaya asarêng sêrat puniki | pintên pamintanira ||

21. kadhawuhan mring kang bêkta tulis | lan sudara paringa wangsulan | benjang punapa awite | kula budhal anglurug | gêbag dhatêng nagri Samawis | titi têmbunging surat | gya satunggalipun |

--- 116 ---

binuka sinuksmèng driya | surasane kang ibu kinèn maringi | kulnèl pamundhutira ||

22. Risdhèn Dhomas kalangkung aruntik | sarirane lir mijil dahana | wasana lon andikane | puniki paran rêmbug | dyan dipati umatur aris | lamun parêng ing karsa | sêrat kula turun | linajêngkên sinungêna | dhatêng Dhêbrun mangke paran ingkang kapti | supadosa kêtêrang ||

23. wus katuran wau kang kintèki | dyan dipati sigra apamitan | marang jêng tuwan risidhèn | wus praptèng dalêmipun | duta sampun kinèn nimbali | tan dangu praptèng ngarsa | angandika arum | Dyan Dipati Martalaya | hèh caraka paran karêpmu saiki | urip apa pralina ||

24. nangis matur gusti nyuwun urip | dyan dipati aris angandika | yèn têmên aturmu kuwe | tutugna ing lakumu | aturêna layang puniki | mring Dhêbrun dèn katampan | matêngna janjimu | yèn wus inggal balia[90] | sajarwaa apa rèhira pêpanggih | kang tuhu ayya dora ||

25. lawan sira sun paringi kanthi | bocah ingsun amilu mring sira | sandika nêmbah ature | ya ta linuwar sampun | sarta pinaringan pisalin | wus dadya rêmbagira | kinèn budhal gupuh | tan cinatur sampun prapta | ing wismane Kulnèl Dhêbrun nuju linggih | kagyat caraka prapta ||

26. dumarojog angaturkên tulis | mulung katampèn laju binuka | sampun kadugi têmbunge | ya ta angandika rum | apa lagya prapta sirèki | matur sawêg kewala | tan kèndêl ing ênu | Tuwan Dhêbrun tandya nurat | angsul-angsul wus dadya sinungkên nuli | dhatêng duta kang prapta ||

27. mêngko bêngi kalamun sirèki | gawa dhuwit têka ing Trêbaya | jujug ngalun-alun bae | wayah pukul sapuluh | lamun ana singsot dèn aglis | sira marêpêkana [marêpêka...]

--- 117 ---

[...na] | poma wêkas ingsun | caraka mangsuli sabda | kula kèndêl pêkên ingkang lèr ngantosi | inggih rawuh sampeyan ||

28. tandya pamit duta dèn sangoni | pan nyapuluh padha ringgit perak | gya mentar sigra lampahe | ing kadipatyan rawuh | gya marêpak marêk ing ngarsi | têtimbalan anyêlak | lênggaha mabukuh | Ki Dipati Mrêtalaya | angandika paran tingkahmu ngong tuding | duta amatur wêca ||

29. amiwiti malah amêkasi | dyan dipati sawega gya budhal | marang ing loji lampahe | samana sampun rawuh | lan risidhèn wus apêpanggih | laju satata lênggah | risdhèn ngandika rum | paran ing wartanira[91] | dyan dipati umatur rèhira titi | purwa madya wasana ||

30. tuwan risdhèn kaduga ing galih | tandya angambil tromol satunggal | ingisèn karêtas akèh | lan tăndha aslinipun | gya kinunci sinungkên aglis | dhatêng radèn dipatya | jêngandika santun | inggih satunggal punggawa | sintên purun anampèkkên mangke ratri | yèn sampun katampenan ||

31. dèn cêkêla Dhêbrun dipun kêni | anggêmbora nayaka punika | poma ywa kongsi kawêsèn | kula ing mangke dalu | nèng pancuran anggèn miranti | asistèn ing jrunatan | lan sawadyanipun | andika anèng paseban | sapanêkar dumugi pojoking masjid | sami dipun prayitna ||

32. yèn saèstu luwar ing prakawis | kaya kakang lumaksanèng karya | tampi ganjaran istune | lan minggah pangkatipun | datan pocot laminya urip | rampung ingkang parentah | dyan dipati mundur | nitih rata gêgancangan | praptèng dalêm kadipatèn animbali | nayaka anom tu[92] ||

--- 118 ---

Wiwit panêdhakanipun sêrat punika ing dintên Sêtu tanggal kaping 13 Dhesèmbêr 1930, rampung ing dintên Saptu tanggal 27 ugi Dhesèmbêr 1930, ingkang nyêrat lurah carik ing kabupatèn pamajeg Bayalali. Suradikrama. 68.

 


Kurang satu suku kata: wira brandhal angunduri. (kembali)
Kurang satu suku kata: lajêng angobongi wisma. (kembali)
Kurang satu suku kata: bok manawi kinaryèng marga barandhal. (kembali)
Lebih satu suku kata: kadi tan wangwang akardi. (kembali)
Kurang dua suku kata: dene wontên kalantaka. (kembali)
Kurang satu suku kata: dene prajurit kang jawi. (kembali)
Kurang satu suku kata: sangking Kamangkunagaran. (kembali)
Kurang satu baris: 7a. (kembali)
Lebih satu suku kata: Kumpêni lisyun wus rawuh. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: tuwin kang Tumapèl nagri. (kembali)
11 amilaur. (kembali)
12 kaprabon. (kembali)
13 Kurang dua suku kata: sampun amiyarsa warta. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: arupa para tumênggung. (kembali)
15 kanggonan. (kembali)
16 kang. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: lawan panji mung sapatutipun. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: muhung kari kalêtan desa sawiji. (kembali)
19 kalantaka. (kembali)
20 wuntat. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: yèn kêna kuda. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: apan dadya senapati. (kembali)
23 sarsaran. (kembali)
24 data tita. (kembali)
25 Kurang satu suku kata: sadayane kawrat ing tulis. (kembali)
26 tinêngêran. (kembali)
27 Tanggal: Rêjêb Wawu: mantri gati matur rajèng (AJ 1753). Bulan Rêjêb tahun AJ 1753 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Februari 1826 sampai dengan 9 Maret 1826. (kembali)
28 Lebih dua suku kata: Kyai Maja wau. (kembali)
29 mangke. (kembali)
30 Kurang satu suku kata: lajêng amasanggrahan. (kembali)
31 angamandaka. (kembali)
32 Kurang satu suku kata: wus samapta gêgaman Mantawis. (kembali)
33 kanisthan. (kembali)
34 pamanggih. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: tata malih alênggah. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: wus sampurna warnanên pangeran katri. (kembali)
37 Kurang satu suku kata: sri bupati ngurmati angurmati karsa nglurug. (kembali)
38 kasunaran. (kembali)
39 Kurang satu suku kata: enjing budhal Parambanan sampun rawuh. (kembali)
40 Kurang satu baris: 8u. (kembali)
41 Kurang satu suku kata:kang satunggal wayah ratu. (kembali)
42 Biasanya guru lagu i: ngarsi. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: wadya sasêlir angêsuk. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: tuwan jendêral umiyat. (kembali)
45 Kurang satu suku kata: kunêng lagya rêrêmbagan. (kembali)
46 Lebih satu baris: tidak perlu dibaca. (kembali)
47 Kurang satu suku kata: siluman manjing wana. (kembali)
48 karsa. (kembali)
49 Kurang satu suku kata: dhêdhaharan măncawarni. (kembali)
50 Kurang satu suku kata: pangran kalih manabda rum amanis. (kembali)
51 Kurang satu suku kata: risidhèn ing Surabaya. (kembali)
52 Kurang satu suku kata: ing marga datan winuwus. (kembali)
53 mantuk. (kembali)
54 Kulnèl. (kembali)
55 Kurang satu suku kata: kang wus samaptèng ayuda. (kembali)
56 sungkawaning. (kembali)
57 Kurang satu suku kata: amung panêmonira. (kembali)
58 Lebih satu suku kata: nurut raka paduka. (kembali)
59 Kurang satu suku kata: larap ingkang warastra kèngis ing sinjang. (kembali)
60 Kurang satu suku kata: kacêpêng cacahnya catur. (kembali)
61 tunggu. (kembali)
62 lan. (kembali)
63 Kurang dua suku kata: Kumpêni nadhahi wani. (kembali)
64 yakin. (kembali)
65 Kurang satu suku kata: Pangran Natapraja. (kembali)
66 Lebih satu suku kata : ginêbag ing yuda. (kembali)
67 Kurang satu baris: 7a. (kembali)
68 Ănggomrêta (dan di tempat lain). (kembali)
69 Lebih satu suku kata: kantun kawan dasa. (kembali)
70 No. 37 salah penomoran saja tidak ada bait yang hilang, jadi pupuh Durma ini mestinya hanya 60 bait. (kembali)
71 Kurang satu suku kata: kalihan tata-tata. (kembali)
72 Dhèmpèt. (kembali)
73 Jêpara (dan di tempat lain). (kembali)
74 Kurang satu suku kata: ondhang bêndhe têtêke kaya butula. (kembali)
75 kapanggya. (kembali)
76 Kurang satu suku kata: gandhih kalindhih gya mundur. (kembali)
77 Lebih satu suku kata: bênggang Kumpêni mapan. (kembali)
78 Kurang satu suku kata: Kumpêni amasanggrahan. (kembali)
79 Kurang satu suku kata: kathah sami angêmasi. (kembali)
80 tuwin. (kembali)
81 Kurang satu suku kata: kèh kang kanin lan kapupu. (kembali)
82 Kurang dua suku kata: sampun dadya campuh ngayuda sakayun. (kembali)
83 Lebih satu suku kata: dèn lus-êlus sri natane. (kembali)
84 alit. (kembali)
85 Kurang satu suku kata: kumalayu kakênan tyasnya muriring. (kembali)
86 data. (kembali)
87 marga-marga. (kembali)
88 palwa. (kembali)
89 Biasanya guru lagu u: puniku. (kembali)
90 Kurang satu suku kata: yèn uwus inggal balia. (kembali)
91 Kurang satu suku kata: paran ing pawartanira. (kembali)
92 Kurang satu suku kata: nayaka anom tuwa. (kembali)