Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 22-28)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 01-08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  2. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 09-16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  3. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 17-22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  4. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 22-28). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  5. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 01-07). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  6. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 08-11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  7. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 12-15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  8. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 16-17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
Image

22. SinomSemestinya nomor 23 dan bukan 22.

1. Radèn Arya Sindurêja | budhal saking nagri Têgil | lawan Radèn Madurêtna | gumuruh swaraning jalmi | saupacara asri | wong Saragêni nèng ngayun | bandera warna-warna | wong anumbak anèng wuri | busanane lir pendah sêkar sataman ||

2. tan winarna solahira | wus lêpas lampahing baris | ing Kaliwungu wus prapta | rêrêb sakala kang baris | saksana budhal enjing | wus ngancik têlatah Kêdhu | Ki Arya Sindurêja | ing Kathithang dèn anciki | kathah prapta sêntanane parimana ||

3. akèh kang samya sêsêgah | sakiwatêngêning baris | mring Ki Arya Sindurêja | sakarine ingkang ngili | dhusun ing Kêdhu nênggih | sêmana taksih ra-uru | akèh begal-binegal | yèn bêngi akèh wong maling | apan tukup-tinukup padha marapat ||

4. amung Kyai Wôngsacitra | ing Kêdhu mêksih kuwawi | keringan ing tôngga desa | tan ana kang wani-wani | bawa lêksananèki | dhasar sugih anak putu | kiwa têngên ngayunan | suyud sadaya wong cilik | Wôngsacitra umarêk ngarsa Sindurja ||

5. langkung têguh Wôngsacitra | anake lanang kêkalih | Ki Lêmbu lawan Ki Buwang | pan samya têguh winarni | anakipun kêkalih | pan samya [sa ...]

--- 137 ---

[... mya] binêkta wau | seba mring pabarisan | sasêntananira ngiring | Wôngsacitra sampun prapta pabarisan ||

6. katur ing Radèn Sindurja | katarima sêgahnèki | sira Arya Sindurêja | kalangkung dènira asih | pan kinèn anguyuni | sêdaya desa ing Kêdhu | lawan wong ing Bumija | samya suyud sadayèki | samya ajrih wong Kêdhu mring Wôngsacitra ||

7. dene têguh tur prawira | mila wong Kêdhu samya jrih | lan malih bawa lêksana | sugih sanak tur kuwawi | Ki Wôngsacitra nênggih | wus agêng gêgamanipun | Radèn Arya Sindurja | kalangkung asrêp kang galih | apan sampun ngaturi sêrat mring Têgal ||

8. wus katur maring narendra | Wôngsacitra lamun bêcik | atêguh bawa lêksana | sugih sanak bèr kuwanin | pan sampun dèn èstrèni | wau marang kang sinuhun | utusan wus tinulak | ambêkta lorodan nyamping | pinaringkên marang sira Wôngsacitra ||

9. pan sampun jinunjung lênggah | pinaring nama bupati | ran Tumênggung Mangkuyuda | sangsaya agêng kang galih | dêdamêlipun nênggih | watawis wong tigang èwu | sampun karya bandera | lêlayu kôndha kumitir | Mangkuyuda wadanane wong bumija ||

10. kalawan atmajanira | pinundhut marang sang aji | wus katur marang ing Têgal | wau kang atmaja kalih | pan maksih nama alit | Ki Buwang lawan Ki Lêmbu | sira Arya Sindurja | ngandikan wangsul mring Têgil | kang tinilar nèng Kêdhu Ki Mangkuyuda ||

11. pan wus [wu ...]

--- 138 ---

[... s] waskithèng pawarta | aprakara ing Matawis | budhal Arya Sindurêja | lawan Ki Madurêtnèki | Kyai Mangkuyudèki | angatêr ing Kaliwungu | ing ênu tan winarna | wus prapta nagari Têgil | Sindurêja lajêng tumamèng ngayunan ||

12. praptèng ngarsaning sang nata | Arya Sindurja ngabêkti | wus katur sasolahira | ing Kêdhu lawan Matawis | sang nata ngandika ris | paran wartaning Matarum | Sindurja atur sêmbah | inggih nagri ing Matawis | pun Madura wus kawon lorot mangetan ||

13. aprang lan rayi paduka | inggih Pangran Adipati | ing Pugêr sampun ngadhatyan | wontên nagri ing Matawis | pan umadêg nêrpati | ing ngalaga ajêjuluk | sineba wong Mataram | amung pun môncanagari | maksih bahak-binahak lan wong Mataram ||

14. mèsêm Sang Prabu Mangkurat | sokur yayi mas dipati | angowêl praja Mataram | ya ta kawuwusa malih | Amral kinèn rumiyin | lawan Kumpêni sadarum | layang marang Japara | sampun kinanthèn bupati | kang tinuduh Ki Dipati Môndaraka ||

15. lawan Radèn Nrangkusuma | kang kinèn among Kumpêni | pan sampun samya anumpak | kang wadya anitih konthing | dene bupati kalih | pan anunggil saparau | ing kapal lawan Amral | dene wau sri bupati | apan sampun ngundhangi para dipatya ||

16. sampun êlêt pitung dina | lan Amral budhalirèki | sri narendra angandika | marang Ki Martajayèki | hèh sira [si ...]

--- 139 ---

[... ra] ingsun tuding | sira mangkata karuhun | marang nagarinira | ngêlara jajahan dhingin | asebaa yèn ingsun prapta Japara ||

17. tur sêmbah Ki Martajaya | lèngsèr saking ngarsa aji | mangkat lan sakadangira | budhal saking nagri Têgil | datan kawarnèng margi | ing nagri Dêmak wus rawuh | anulya pra dandanan | wus angadêgakên baris | kang dèn êlar jajahan pasisir wetan ||

18. ya ta wau sri narendra | budhal saking nagri Têgil | apan miyos ing dharatan | sumahap lampahing baris | tinon awarni-warni | punggawa mangkya nèng ngayun | Ki Arya Sindurêja | saupacaranya asri | kasambungan Tumênggung Wirawidigda ||

19. nulya Dipati Urawan | wau ingkang anambungi | lan Tumênggung Martalaya | sagêgamanira asri | bandera warni-warni | kang munggèng ngarsa sang prabu | Tumênggung Martalaya | kalih atus kang kinanthi | anom-anom sadaya ukiran êmas ||

20. samya abajo rêrendan | sadaya sinimping-simping | samya udhêng-udhêng pêthak | kêkawêng diwôngga kuning | samya têtali wilis | cindhe kêmbang myang kêkupu | waos pêthak sinulam | kêncana ingkang kinardi | lêlurahe sêdaya ngangge cêrapang ||

21. munggèng wurining sang nata | wau kang bala Kumpêni | lan dhaènge sabêrgadan | lutnan lopèrès nèng ngarsi | sarehane ngidêri | gumrudug swaraning tambur | wurine para garwa | miwah ing kapara gusti | kang angrêksa wong pasisir anèng wuntat ||

--- 140 ---

22. ing ênu datan winarna | lampahe sri narapati | sampun prapta Pangangsalan | akarsa rêrêb sang aji | ing Pangangsalan nênggih | amundhut wong tigang atus | kinarya upacara | ingaran wong Judhipati | ênêngêna solahira sri narendra ||

23. ya ta wau kawuwusa | kang lumaku ing jaladri | Ki Dipati Môndaraka | lawan sagunging Kumpêni | layar pan antuk angin | ing muara sampun rawuh | pasisir ing Japara | dene wau Ki Ngabèi | Wôngsadipa sampun mêthuk ing muara ||

24. Ki Môndaraka wus mêntas | lan sagung wadya Kumpêni | wus panggih Ki Môndaraka | lawan sira Ki Ngabèi | Wôngsadipa anênggih | langkung dene asêsugun | angling Ki Môndaraka | timbalane sri bupati | yèn manira ngatêrakên marang Amral ||

25. mungsuh kang anèng Jêpara | timbalan dalêm sang aji | kinèn anggitik mring Amral | Amral sigra anauri | lah inggih kyai pundi | ênggon mungsuhe sang prabu | nauri Wôngsadipa | ing Jagatamu rumiyin | nanging mangke wong Sampang sampun mangetan ||

26. milane mêngsah mangetan | kawula banjêling jurit | dene ta rencang kawula | wong Prasman lawan wong Inggris | kang sami grami mriki | puniku tumut têtulung | ya ta Amral miyarsa | kalangkung èmêng kang galih | wontên malih wong sabrang têtulung aprang ||

27. dadya agunêm sadaya | sagung nayaka Kumpêni | gilig sadalêming driya | Amral [Amra ...]

--- 141 ---

[... l] amicorèng galih | wong Prasman lan wong Inggris | sun purih aja katêmu | lawan rajèng Mataram | yèn kongsia apêpanggih | masthinipun wong Inggris ingajak yuda ||

28. yèn kongsia milu yuda | wong Prasman lawan wong Inggris | pasthine kalamun gêmpal | ing ganjaran ingsun benjing | angur silih wak mami | ngilangna reyal karuhun | dadia opahira | wong Prasman lawan wong Inggris | sun awatne pêparinge sri narendra ||

29. wong Inggris wus kinèn ngundang | tan adangu nulya prapti | ing ngayunanira Amral | Amral wuwusira manis | wong Prasman lan wong Inggris | timbalanira sang prabu | dènira tulung yuda | pan wus tinarima kasih | miwah sira pinaringan kalih lêksa ||

30. anging ta nuli lungaa | saka ing nagara ngriki | wong Inggris alon turira | prau kawula pan gusis | kadamêl angusungi | dagangan binêkta mantuk | Amral alon angucap | iya ta ingsun gawani | palwaningsun satus sun wèhakên sira ||

31. palwa sampun tinampanan | wong Inggis Prasman nulyamit | samya numpak ing baita | sapraptanirèng jaladri | palwane dèn uncêki | dening Walônda wus butul | sadhatêngirèng têngah | palwa kèrêm kêbak warih | samya pêjah wong Inggris lawan wong Prasman ||

32. Amral sampun mring pondhokan | warnanên sri narapati | budhal saking Pakalongan | miyos nglautan narpati | para garwanirèki | sadaya pan maksih

--- 142 ---

kantun | wontên ing Pangangsalan | ing wau sri narapati | wus alayar sagunging para punggawa ||

33. ambabar anèng lautan | baita awarni-warni | lir paksi krêndha rêratyan | gumêrah swaraning jalmi | tinon awarni-warni | ing samodra kadi mêndhung | ing laut tan winarna | lampahe sri narapati | pangarsane wus umanjing ing muara ||

34. wus mêntas sri naranata | miwah wadya agung alit | ya ta wau sri narendra | cinandhak astanya ririh | marang Amral tumuli | dyan nginggahkên tratag agung | Kumpêni bêrondongan | mariyêm awanti-wanti | awor lawan swaraning tambur gumêrah ||

35. Walônda alêlumbungan | anggarêbêg sri bupati | Amral pan lumakyèng dharat | anindhihi ingkang baris | ya ta sri narapati | wus rawuh ing ngalun-alun | dalême Wôngsadipa | wau ingkang dèn sanggrahi | wadyabala ing alun-alun malatar ||

36. samya marêk ing sang nata | sagung nayaka Kumpêni | miwah kang para dipatya | sadaya samya tur bêkti | ngandika sri bupati | marang Ki Wôngsadipa rum | nèng ngêndi mungsuhira | Ki Wôngsadipa wotsari | mêngsah dalêm sampun kêplajêng mangetan ||

37. langkung suka sri narendra | ya ta kawarnaa malih | ing Têmpalong Martajaya | sampun umarêk sang aji | wadya Dêmak kinêrig | miwah sagêgamanipun | wus prapta ing Japara | lajêng umarêk sang aji | Martajaya sampun prapta wijilira ||

--- 143 ---

23. Mijil

1. kawarnaa wau sri bupati | apan sampun miyos | siniwaka wadyanira andhèr | Martajaya matur awotsari | kagyat sri bupati | angandika arum ||

2. Martajaya sapraptanirèki | matura dèn alon | kayaparan ing Dêmak wartane | Martajaya matur awotsari | mêngsah dalêm gusti | inggih sampun kabur ||

3. langkung sukanira sri bupati | mèsêm ngandika lon | pirsakêna wadyaningsun kabèh | Martajaya ingsun patêdhani | ing Dêmak nagari | jênênga tumênggung ||

4. Si Tumênggung Suranata nênggih | iku paring ingong | padha sira angèstokna kabèh | lan Si Wôngsadipa sun arani | jênênga Bupati | Martapura iku ||

5. sagung punggawa samya ngèstrèni | karsane sang katong | ya ta ingkang kawuwusa manèh | Mangkuyuda ing Kêdhu wus prapti | seba ing narpati | wadyanira agung ||

6. kalih èwu wong Kêdhu kang ngiring | pan samya nom-anom | sri narendra kalangkung trusthane | aningali mring Mangkuyudèki | sigêgên sang aji | gênti kang winuwus ||

7. Trunajaya kang madêg narpati | wus oyod arondhon | wong bang wetan suyud sadayane | Prabu Trunajaya wus angalih | saking Surawèsthi | Kêdhiri winangun ||

8. kang tinuduh anèng Surawèsthi | prajurit samyatos | wong Madura têngga tampingane | wong Makasar nunggil nèng Kadhiri | sawadyanirèki | tan pisah akumpul ||

9. apan ingambil mantu pribadi [pri ...]

--- 144 ---

[... badi] | sira Sang Galèngsong | nênggih ingkang tinarimakake | Radèn Ayu Rêtna ingkang nami | warnane yu luwih | putra kang pambayun ||

10. Raja Galèngsong sinung wêwangi | aran Prabu Anom | wus misuwur wong Kadhiri kabèh | Prabu Trunajaya kang winarni | umiyos ing enjing | sineba wadya gung ||

11. Darmayuda wus munggèng ing ngarsi | Pasuruan kang wong | pan kinarya gêdhig manggalane | asisihan lan Mangkuyudèki | wong môncanagari | Dêrmayuda sinung ||

12. Mangkuyuda sinungan pasisir | samya akarya wong | gulang-gulang myang gêgangsingane | dulang-mangap lan wong talangpati | miwah jayèngwèsthi | wong andakalawung ||

13. Prabu Madurêtna ing Kadhiri | Trunajaya Katong | apan sampun midhangêt wartine | lamun wau Pangran Adipati | Anom ing Matawis | sampun madêg ratu ||

14. Drêmayuda matur awotsari | anuhun sang katong | inggih Pangran Dipati wartine | pan misuwur èstu wontên Têgil | nanging drêsing warti | dhatêng ing Jêpantun ||

15. nèng Japara gènnya tata baris | pasisir bang kulon | nèng Japara sarta gêgamane | lawan malih abala Kumpêni | saking ing Batawi | gunge wolung atus ||

16. Bugis Makasar kalawan Bali | sèwu cacahing wong | miwah Ambon Sêmbawa Têrnate | warna-warna wong sabrang kang prapti | wong Siyêm wong Pasir | Johor lan Lumayu ||

17. têtindhihe kang wadya Kumpêni | pun Amral ponang wong |

--- 145 ---

Hèlduwèl Brèh punika wastane | wong Makasar ingkang anindhihi | apan Dhaèng Bugis | Kadhangkrang namèku ||

18. Dhaèng Naba inggih kang satunggil | prasamya tos-atos | Raja Makasar iku putrane | asuwita mring rajèng Matawis | anunggil Kumpêni | ing benjang yun magut ||

19. Drêmayuda rampung aturnèki | sira Sang Galèngsong | amiyarsa kumêmbêng waspane | emut lamun kadange sayêkti | milwa mring Batawi | Kêraèng Nabèku ||

20. Prabu Trunajaya ngandika ris | nadyan wuwuh uwong | wong ing sabrang dèn kêriga kabèh | pira bobote wong seje bumi | wuwuha rong kêthi | tan gumingsir ingsun ||

21. Drêmayuda umatur wotsari | alêrês sang katong | wong ngumbara yêktine akacèk | amba benjang nanggulangi jurit | marang wong Kumpêni | miwah wong Lumayu ||

22. adhi Mangkuyuda sun bêbahi | ngarêpna wong Ambon | Bugis Bali Makasar Têrnate | Mangkuyuda asugal nauri | tandhinga sakêthi | tan gumingsir ingsun ||

23. apan lajêng drawina salatri | gumêrah ponang wong | tan winarna wau ing solahe | kang agunêm kawis ing Kadhiri | kawuwusa malih | sang rajèng Matarum ||

24. siniwaka ing para dipati | wau sang akatong | miwah sira Amral Hèlduwèl Brèh | Ônggawôngsa lan Ônggajayèki | matur mring narpati | yèn sanake rawuh ||

25. nusul saking Surapringga nagri | ngandika sang katong | timbalana

--- 146 ---

sun tanggap tuture | Trunajaya kayaparan warti | tan adangu prapti | angandika wau ||

26. sri narendra angandika aris | dèn parêk ngarsèngong | Surabaya kayapa wartane | sigra matur kang sinungan angling | nagri Surawèsthi | gusti sampun suwung ||

27. Trunajaya wontên ing Kadhiri | dènira ngêdhaton | kang tinilar ing Surapringgane | pun Madura Dhandhangwacanèki | lan Wangsèngpraniti | têtindhihing kewuh ||

28. Trunajaya sampun mirsèng warti | yèn paduka katong | arsa tindak saha bala kabèh | amagut ing rana Surawèsthi | lan wadya Kumpêni | miwah ing Matarum ||

29. Darmayuda ingkang anaguhi | atandhing lan Ambon | wong Lumayu miwah Têrnatene | punapa malih wadya Kumpêni | Darmayuda ugi | gusti kang asanggup ||

30. ya ta mèsêm wau sri bupati | angandika alon | marang sira Amral Hèlduwèl Brèh | sun angrungu Si Galèngsong nênggih | kadange nèng ngriki | ya Si Naba iku ||

31. Amral Hèlduwèl Brèh sigra angling | mring Kênaba alon | apa duwe kadang sira kuwe | Si Galèngsong punika rannèki | Kraèng Naba iki | kasmaran ing kalbu ||

24. Asmaradana

1. sun pundhut Si Naba iki | arsa ngong duta mangetan | atêmu lawan kadange | lawan manèh awasêna | gamane Trunajaya | Amral Hèlduwèl Brèh matur | kawula gusti sumôngga ||

2. Kraèng Naba dèn timbali | prapta ngarsane [ngar ...]

--- 147 ---

[... sane] sang nata | sri narendra ngandika lon | hèh Naba sira sun duta | maringa ing bang wetan | katêmua lan kadangmu | ngawasêna Trunajaya ||

3. dene sira sun kanthèni | wong ingsun kang luwih guna | Si Mirmagati arane | lan bisa basa Limasan | sun wèhi kanthi sira | uwong kang prawirèng kewuh | tur bupati karo pisan ||

4. Si Martapura sawiji | kalawan Si Martalaya | iku gawanên karone | anging padha anglugasa | Kraèng Naba tur sêmbah | gusti lêbura wak ingsun | anglampahi karya tuwan ||

5. datan gumingsir ing pati | pêjah gêsange pun Naba | kagungan dalêm sang katong | mugi-mugi ta angsala | gusti bêrkat paduka | pan tuwan narendra luhung | kang mêngku rat tanah Jawa ||

6. sarêng dènnya awotsari | wong sêkawan sarêng mangkat | Mirmagati pangarêpe | kalawan Karaèng Naba | dene Ki Martapura | pan anggawa jambenipun | wong loro lan Martalaya ||

7. jambene Ki Mirmagati | wau kang sami binêkta | pan sami lêpas lampahe | ing siyang dalu lumampah | ing marga tan winarna | prapta pabarisan agung | sawetaning palabuhan ||

8. pan katuju lampahnèki | wontên Makasar lêledhang | êmbane Raja Galèngsong | panggih lan Karaèng Naba | êmban sigra tur sêmbah | adhuh nyawa gustèningsun | botên andimpe kawula ||

9. aja sira basa gusti | lawan sira aja nêmbah | acara asanak [asana ...]

--- 148 ---

[... k] bae | payo ingsun atêrêna | mring gone gustènira | saksana wau tut pungkur | sampun praptèng pasanggrahan ||

10. kapanggih lawan kang rayi | Raja Galèngsong karuna | Kraèng Naba ngandika lon | wis adhi sira mênênga | payo sira linggiha | Raja Glèngsong sênggruk-sênggruk | ngusapi luh sarwi lênggah ||

11. Galèngsong lingira aris | dhuh kakang botên anyana | kula ulari slamine | wontên ing pundi gènira | nauri Kraèng Naba | asuwita yayi ingsun | marang sang rajèng Mataram ||

12. pan ingsun ingutus yayi | anêmoni marang para | gustiningsun timbalane | iya sang rajèng Mataram | Naba sira têmua | lan Galèngsong sadulurmu | iku bujukên dèn kêna ||

13. mila tan banjêl tumuli | angêntèni lakuningwang | gustiningsun pangemane | aja kongsi têmah yuda | ingsun kalawan sira | Sang Galèngsong lon amuwus | dhuh kakang sokur kawula ||

14. nanging kawula ing mangkin | gih kakang kadi punapa | yèn kula tilara bolos | pan awon-awoning jalma | kakang pun Trunajaya | apan kathah pênêdipun | ing benjang têmpuh ing yuda ||

15. kula ngamuk saking wuri | tumut ing rajèng Mataram | sampun kakang mindho gawe | kang raka alon angucap | iya yayi dèn yitna | dèn bisa angumpêt laku | aja kongsi kawadaka ||

16. Ki Martalaya anênggih | kalawan Ki Martapura | katiga Mirmagatine | nèng

--- 149 ---

wurine Kraèng Naba | Raja Galèngsong mulat | sadangunira andulu | ngalirik sarwi atanya ||

17. Galèngsong turira aris | kakang ing wuri punika | kang roro sintên arane | lan tumut tiyang punapa | inggih kakangne ngrika | dene samya bagus-bagus | sêmune prawirèng yuda ||

18. Ki Naba mèsêm nauri | bature Ki Mirmagatya | kang padha gawa jambene | Galèngsong gumuyu suka | sarwi angling ing nala | prajurite wong Matarum | pasthine iki ta iya ||

19. wong Mataram bêcik-bêcik | sawang-sawunging ayuda | ngadua kaprawirane | kaya nora bisa kalah | mungsuh lan wong Madura | tan kawarna solahipun | lamine nèng pamondhokan ||

20. amung sadina sawêngi | wus matêng ing jangjinira | ya ta warnanên enjinge | Kraèng Naba wus pamitan | lawan Ki Mirmagatya | sapraptanira ing lurung | ana wong Madura wikan ||

21. apan sampun dèn barisi | anèng wetan palabuhan | sarêng wong sakawan katon | wong Sampang sarêng narajang | apan sarwi asurak | wong sakawan sampun rêmbug | ing kewuh sarêng palastra ||

21. prasamya adandan gipih | Ki Mirmagati samana | nulya cinandhak lambunge | marang sira Kraèng Naba | pan binêkta lumumpat | prapta sabrang kilèn sampun | Mirmagati Kraèng Naba ||

22. palabuhan nuju banjir | ambane nêmlikur cêngkal | kang kari sabrang wong roro | Martalaya Martapura [Marta ...]

--- 150 ---

[... pura] | kang angêpung mèh numbak | sarêng dènnya cincing wau | wong roro sarêng lumumpat ||

23. wus prapta kilèn bênawi | wong sakawan sarêng mangkat | wong Sampang sadaya gawok | sami andongong kewala | warnanên lampahira | datan kawarna ing ênu | sampun prapta ing Japara ||

24. lajêng umarêk sang aji | sarêng prapta ing ngayunan | sri narendra ngandika lon | lah padha salamêt sira | iya ing lakunira | sakawan sarêng wotsantun | pan angsal sawab narendra ||

25. matur sasolahing nguni | Kraèng Naba matur nêmbah | abdidalêm pun Galèngsong | ing benjang têmpuhing yuda | angamuk saking wuntat | kalangkung trustha sang prabu | ing ature Kraèng Naba ||

26. sri narendra animbali | mring Tumênggung Suranata | kinèn anggitika mangke | wong Sampang kang anèng Rêmbang | miwah kang anèng Tuban | wong Dêmak budhal gumuruh | gêgamane warna-warna ||

27. wêwolu kadangirèki | Ki Tumênggung Suranata | samya baris dhewe-dhewe | dyan wuwusên lampahira | sampun prapta ing Rêmbang | samana sampun acampuh | wong Dêmak angamuk rampak ||

28. kandhêg Sidayu abaris | wong Madura ambalabar | kang wadya amulih kabèh | mantuk dhatêng ing Japara | gantya ingkang winarna | Tumênggung Martalayèku | praptane saking bang wetan ||

29. praptane saking Kadhiri | punika tan seba-seba | apan mêngkono ujare |

--- 151 ---

yèn ingsun dulu wong Sampang | saparitandangira | ing ngêndi gonira pangguh | trak usah nganggo Walônda ||

30. sun dhewe wani ngêmbari | amungsuh Si Trunajaya | angrupêka jajahane | ing ngêndi gone ayuda | ingsun lan Trunajaya | sanadyan êndhasa sèwu | wong Sampang ingsun tan ulap ||

31. ingsun sanggup ngobrak-abrik | mring dhangkane Trunajaya | puluh-puluh jêng sang katong | tan nganggo rêmbag manira | kudu gugu Walônda | wong ngalap opah dèn gugu | kêna kêmate si kopar ||

32. tan sae seba wak mami | nadyan silih dinukana | pra santana matur alon | dhuh anggèr sampun mangkana | yêktine wong ngawula | inggih ta sakarsanipun | ing gusti nurut kewala ||

33. dipun rumôngsa yèn ngabdi | paduka pinutra-putra | agêng sihira sang katong | para dipati sadaya | sintên kadi paduka | pan pinutra-putra danu | ambêkuh Ki Martalaya ||

34. warnanên wadya Kumpêni | apan sampun amiyarsa | yèn Ki Martalaya mirong | asêngit marang Walônda | tan arsa asebaa | nayaka Kumpêni kumpul | wus iyêg sagung bicara ||

35. kunêng bicara wus dadi | arsa mutung ing pasangan | yèn tinulak panuwune | ing sirnane Martalaya | Amral saupsirira | samya dhatêng pondhokipun | Adipati Môndaraka ||

36. kalayan ambêkta tulis | katur marang Môndaraka | adipati nyapa alon | lah tuwan punapa karsa | dene gati ing lampah [la ...]

--- 152 ---

[... mpah] | Amral Hèlduwèl Brèh muwus | surak iki tingalana ||

37. Môndaraka wus andugi | lah iya Amral muliha | mêngko ta ingsun pikire | kalawan sakancaningwang | sakèh para nayaka | Amral Hèlduwèl Brèh mundur | wus pracaya Môndaraka ||

38. tan winarna solahnèki | Ki Dipati Môndaraka | wus manjing marang kadhaton | katur saaturing Amral | èmêng sri naranata | anulya ngandika arum | sang nata mring Môndaraka ||

39. sira rêmbugên kang bêcik | kalawan sakancanira | Si Dipati Urawane | miwah Si Wirawidigda | lawan Si Sindurêja | Si Binarong aja kantun | lawan Paman Nrangkusuma ||

40. Môndaraka matur aris | pan abdi dalêm sadaya | sumôngga ing karsa katong | sang nata alon ngandika | lah iya timbalana | Si Martalaya dèn gupuh | dèn sêmang ajana wikan ||

41. Si Martalaya yèn prapti | dèn bêcik sira taria | yèn wani dhingini gawe | anglanggar Si Trunajaya | bêngi sira angkatna | êlokêna dèn aumyung | yèn morod Si Martalaya ||

42. prapta ingkang animbali | Ki Dipati Martalaya | utusan matur yèn mogok | asakit sêngadinira | sang nata angandika | kaya priye wataramu | apa ta nyata yèn lara ||

43. utusan turira aris | gusti watawis kawula | kadya padatan kemawon | sang nata asru ngandika | nimbali Martapura | sapraptanira ing ngayun | Martapura dhinawuhan ||

--- 153 ---

44. hèh Martapura dèn aglis | untapêna Martalaya | kang kinèn tur sêmbah lèngsèr | Ki Dipati Martapura | mangkat sarowangira | datan kawarna ing ênu | sapraptanira ing jaba ||

45. Ki Martalaya winarni | sampun amidhangêt warta | yèn dinukan sang akatong | sakèhing para lêlurah | kang samya tinimbalan | lurah sura rakêt wolu | nêm atus panêkarira ||

46. prapta sagêgamannèki | baris pêndhêm nèng pondhokan | Ki Martalaya dhuwunge | Kyai Kasur namanira | apan sampun liniga | nèng ngisor klasa gènipun | tinindhihan sarya lênggah ||

47. sarwi kêmul bêbêt kuning | warnanên Ki Martapura | prapta wau ing lampahe | dhuwunge Ki Jakatawa | ingkang badhe kinarya | wus malêbu pondhokipun | lajêng tumamèng pandhapa ||

48. sarêng dènnya aningali | Martalaya Martapura | Ki Martapura wuwuse | anak sira atômpaa | timbalane sang nata | manira kinon amundhut | pati urip pakênira ||

49. Martalaya amangsuli | inggih sumôngga ing karsa | punapa kang dipun antos | sigra anarik curiga | Dipati Martapura | Ki Martalaya sinuduk | têrus lambunge kang kiwa ||

50. Martalaya malês aglis | anggoco mring Martapura | sarêng dènnya pêjah uwor | wong Têgal kagyat umiyat | ningali gustènira | wong rongatus sarêng ngamuk | marang wong ing Martapuran ||

51. wong Japara anadhahi | arame [a ...]

--- 154 ---

[... rame] ulêng-ulêngan | ya ta wontên kang anyapèh | mantri panuwa ing Têgal | kang wus têrus ing tingal | amênging ing kancanipun | dadya mundur wong ing Têgal ||

52. sampun katur ing narpati | Martalaya sampun pêjah | antuk bela pêjah uwor | kalawan Ki Martapura | ya ta sri naranata | ing galih langkung angungun | amuwun dalêming driya ||

53. ya ta wau sri bupati | enjing miyos siniwaka | pêpak kang punggawa andhèr | miwah kang para satriya | jêjêl ing panangkilan | kang munggèng ngarsa sang prabu | Adipati Môndaraka ||

54. Dipati Urawan nangkil | lawan Arya Sindurêja | Wirawidigda jajare | Rahadèn Anrangkusuma | sampun munggèng ngayunan | kalawan sira Tumênggung | Binarong ing keringira ||

55. sang nata ngandika aris | hèh Môndaraka Si Wija | iku sun junjung lungguhe | iya ing Pathi nagara | sun wèhakên Si Wija | lan sun arani Tumênggung | Mangunonêng ing Santênan ||

56. kalawan Si Jayèngpati | anake Si Martapura | iku kang sun gêntèkake | alinggiha ing Japara | lan sun paringi nama | Sujanapura Tumênggung | apalungguh ing Japara ||

57. anadene ing Têtêgil | kadange Si Martalaya | ingkang anom ingsun gawe | Si Ngabèi Agrayuda | sarta sun wèhi aran | Rêksanagara Tumênggung | apilungguh ing Têtêgal ||

58. sang nata ngandika aris | Môndaraka undhangana | sagung wadyaningsun [wadyaning ...]

--- 155 ---

[... sun] kabèh | ya besuk ing dina Soma | budhal saking Japara | ingsun arsa andon nglurug | anggitik Si Trunajaya ||

59. Si Amral iku sun tuding | dhingina mêtu nglautan | dene kang sun kanthèkake | Si Paman Anrangkusuma | karo Si Ônggawôngsa | lawan Si Ônggajayèku | sun tuduh milu Si Amral ||

60. sira kang sun pitayani | dadia karta wadana | Si Amral lamun dudune | sira ingkang ngundurêna | môngsa bodhoa sira | pakewuhe ing dêlanggung | apan sira kang wus wikan ||

61. sira anjoga Garêsik | Madura sira ungaka | barisa pulo Mangare | banjura mring Surapringga | ingsun mêtu dharatan | sun mêgat Tuban mangidul | benjang Kadhiri kewala ||

62. wus rampung ingkang wêwêling | Amral sampun têtabean | lèngsèr saking ngarsa katong | bupati samya tur sêmbah | kang tumut dhatêng Amral | budhal swarane gumuruh | ing lautan kadi gêrah ||

63. warnanên sri narapati | sampun anêmbang têngara | umrêg swaraning ponang wong | kang samya nata gêgaman | barise pra dipatya | jêjêl anèng alun-alun | bandera awarna-warna ||

64. gêgaman dinulu asri | saengga wukir dahana | warna-warna gêgamane | anglir pendah binusanan | pan nagri ing Japara | ya ta wau sang aprabu | sampun angrasuk busana ||

65. kabèh wasiyat Matawis | sampun ingagêm sadaya | Kyai Gondhil rasukane [rasuka ...]

--- 156 ---

[... ne] | wangkingan Kyai Balabar | sampun munggèng wangkingan | lawan waos Kyai Baru | ingampil tan kêna têbah ||

66. wus miyos sri narapati | bubar gêgaman pangarsa | kang minôngka panganjure | Ki Tumênggung Suranata | Dêmang Surônggakara | kang munggèng ing wingkingipun | Rêksanagara ing Têgal ||

67. gêgamanira pan asri | têtilarane kang raka | rongatus sura rakête | ukiranira kancana | kuning kêkawêngira | sadaya lêlurahipun | samya anganggar carapang ||

68. satus kang wadya Kumpêni | kang tinilar dening Amral | kang rumêksa mring sang katong | kêkalih pangagêngira | Pilham kalawan Jusmral | anggarêbêg ing sang prabu | tambure munya brang-brangan ||

69. kumitir gumyuri ati | Adipati Môndaraka | kang lumakwèng wuri dhewe | wus prapta Kudus nagara | arsa ngujung sang nata | kautus mring Kadilangu | animbali panêmbahan ||

70. lumampah ingkang tinuding | pangalasan kalih mentar | gêgancangan ing lampahe | ing ênu datan winarna | duta kalih wus prapta | padhukuhan Ngadilangu | wus panggih lawan pandhita ||

71. panêmbahan dèn aturi | amogok-mogok pinêksa | apan sangêt wêwêlinge | putra tuwan sri narendra | Pangeran Natapraja | wus kering ing duta wau | wus prapta Kudus nagara ||

72. panggih lan sri narapati | Panêmbahan Natapraja | sang nata ngandika alon | paman dika rojongana | inggih

--- 157 ---

lampah manira | pasthi wontên kaotipun | yèn paman tumut tumindak ||

73. datan suwala ing kapti | Panêmbahan Natapraja | ya ta warnanên lampahe | saking ing Kudus wus budhal | umyung swaraning bala | saengga laron ambrubul | tan pêgat ing wêwingkingan ||

25. Pangkur

1. sigêgên sri naranata | kawarnaa wau wadya Kumpêni | kang lumampah anèng laut | Radèn Anrangkusuma | Ônggajaya Ônggawôngsa sarêng kumpul | anunggil kalawan Amral | kang wadya anitih konthing ||

2. ing laut datan winarna | lampahira kang palwa angsal angin | katon ujunging Sidayu | palwa maksih lumarap | ujung Madura wau ingkang jinujug | pulo Mangare wus prapta | kang palwa sampun angranjing ||

3. sampun mêntas ing dharatan | uluk-uluk wau wadya Kumpêni | mriyêm swarane jumêgur | kagyat wong ing Madura | wong paminggir apuyêngan gègèripun | pangrasane wong Madura | kinêpung nagrinirèki ||

4. pan kacatur tigang dina | anèng pulo Mangare wong Kumpêni | sêmana anulya laju | dhatêng ing Surapringga | tan winarna ing marga pan sampun rawuh | jajahan ing Surabaya | ing Ampèl kang dèn barisi ||

5. kang têngga ing Surabaya | wong Madura Ki Dhandhangwacanèki | pan sampun ngaturi wêruh | mring Prabu Trunajaya | binantonan Galèngsong ingkang lumaku | lan Tumênggung Darmayuda | wus prapta ing Surawèsthi ||

--- 158 ---

6. mariyêm pan binêktanan | kang binêkta wau Nyai Sêtomi | jarahan saking Matarum | kinarya mêthuk yuda | ambalabar wong Madura barisipun | sakèhing môncanagara | wong Makasar kang nindhihi ||

7. ya ta wau Ônggajaya | Ônggawôngsa sanake akèh prapti | apan samya asêsuguh | prasamya awêwarta | lamun Nyai Sêtomi binêkta mêthuk | mriyêm pusaka Mataram | kinarya magut ing jurit ||

8. Ônggajaya Ônggawôngsa | sigra marêk mring Dyan Nrangkusuma glis | angaturakên sêsuguh | lajêng panggih lan Amral | langkung suka Amral dènira andulu | mring sanake Ônggajaya | Ônggawôngsa samya prapti ||

9. lajêng samya pirêmbagan | kang cinatur amung Nyai Sêtomi | dene mariyêm Matarum | ginawa mapag yuda | Ônggawôngsa mring radèn alon umatur | miwah Amral winartanan | yèn arsa kesah mêmaling ||

10. marang barisaning mêngsah | kang sinêdya tan lyan Nyai Sêtomi | Amral asuka gumuyu | lah iya slamêt jalan | duk sêmana ing wanci satêngah pitu | Ônggajaya wus lumampah | tanpa rowang laku maling ||

11. wus prapta barisan mêngsah | wong Madura nuju ing têngah wêngi | amasang sêsirêpipun | wong Sampang samya nendra | Ônggawôngsa anjujug barisan agung | Nyai Sêtomi pusaka | ingkang arsa dèn malingi ||

12. kapanggih pojok lor wetan | wong Madura akathah kang akêmit |

--- 159 ---

ngrêksa obat mimisipun | anulya linangkahan | kang akêmit sadaya sami aturu | sawiji tan ana wikan | kang mriyêm pinanggul aglis ||

13. wus mundur Ki Ônggawôngsa | sarwi mikul wau Nyai Sêtomi | praptaning pondhokanipun | wayah bangun raina | wus panggih lan Rahadèn Nrangkusumèku | lajêng panggih lawan Amral | samya gêgêtun tan sipi ||

14. andulu Ki Ônggawôngsa | sira Amral asru dènira angling | luwih kuwat sira iku | Rahadèn Nrangkusuma | sigra têdhak Kumpêni nulya anambur | gumêrah ing pasanggrahan | pan arsa angantêp jurit ||

15. nuju wayah bêdhug tiga | mêdal saking pamondhokan sarya ngling | amasang mariyêmipun | katon baris Madura | wolu sisih mariyêm sinulêd sampun | saengga Marapi bêntar | swarane anggêgêtêri ||

16. gègèr barise wong Sampang | dènnya sami wau katiban mimis | tibaning mimis lir jawuh | sigra nêmbang têngara | amêtoni wong Madura karsanipun | miwah sira Darmayuda | apan arsa amêtoni ||

17. sumahab tandanging bala | datan kobêr wau anata baris | saking drêsing mimis sagung | ya ta Ki Ônggawôngsa | anêrombol angobongi pondhokipun | wong Madura bilunglungan | bingung tambuh kang dèn ungsi ||

18. angidul palayonira | datan wontên tahan katiban mimis | wong Pasuruan lumayu | Tumênggung Darmayuda | pan kesisan wong Pasuruan [Pasu ...]

--- 160 ---

[... ruan] wus larut | barise wong Surabaya | nêdya ngungsi mring Kadhiri ||

19. Raja Galèngsong nèng wuntat | palayune apan mandhêg anolih | Ki Darmayuda pan laju | Galèngsong kawarnaa | panggih lawan Pangeran Tumampêl wau | Pangeran Tumampêl mojar | maring Galèngsong aririh ||

20. e adhi lamun sêmbada | dawêg nunggil adhi kalawan mami | angabdi rajèng Matarum | Galèngsong alon mojar | inggih kakang benjing kawula anusul | warnanên Ki Darmayuda | praptèng nagari Kadhiri ||

21. matur marang Trunajaya | lamun kawon wau dènira jurit | Darmayuda awêwadul | mila asor kang yuda | putra tuwan Prabu Anom rangu-rangu | gusti watawis kawula | pun Galèngsong malik kapti ||

22. langkung duka Trunajaya | Ki Galèngsong wau kinèn nimbali | Raja Galèngsong kapêthuk | lan duta anèng marga | dhinawuhan andika ngandikan gupuh | dhatêng rama jêngandika | Prabu Galèngsong lumaris ||

23. prapta ngarsaning kang rama | Prabu Trunajaya ngandika aris | lah bagea anak ingsun | sigra Ki Trunajaya | marang kêbon pêpungkuran prênahipun | lan Tumênggung Darmayuda | Raja Galèngsong tan kari ||

24. sapraptaning pêpungkuran | rinakitan Galèngsong dèn patèni | jisime pinêndhêm sumur | anulya ingurugan | wong Makasar sawiji tan ana wêruh | kang para dhaèng sadaya | tan wontên miyarsa warti ||

25. sigêgên Ki

--- 161 ---

Trunajaya | kawarnaa wau sri narapati | samarga-marga prang pupuh | lan wadya ing Madura | mila rêmbên lampahira sang aprabu | dene ta pêpatihira | anèng margi nandhang sakit ||

26. Ki Dipati Môndaraka | sakitira sangsaya angranuhi | tan antara pêjahipun | sang nata langkung tikbra | sampun prapta jajahan Kadhiri wau | sang nata amasanggrahan | ing Singkal dènnya abaris ||

27. ya ta wau kawarnaa | wontên ajar ing Gunung Kêlut nênggih | apêparab Tejalaku | cantrike kawan dasa | arsa mapag ing yudane sang aprabu | têdhak saking ing aldaka | ingiring kang para cantrik ||

28. samya angagêm tarantang | sampun prapta ingiring ingkang baris | nuju pamondhokanipun | Ki Dipati Urawan | ting barêkik para cantrik samya ngamuk | lir yaksa rêbut sasana | kagyat kang samya ningali ||

29. wadyabala ing Urawan | wus angumpul prasamya anadhahi | campuhing prang kumarusuk | cantrik pating jalêmpah | tinumbukan sawiji tan ana timbul | samya rêbah ting galobrah | tan ana tawa ing wêsi ||

30. mung kari Ki Tejalayar | Malangkadhak binêdhil datan kêni | katur marang sang aprabu | yèn wontên ajar salah | Gunung Kêlut punika pinangkanipun | sri narendra angandika | ing mêngko ana ing ngêndi ||

31. ingsun arsa apanggiha | apan iku sêdyane anèng wukir | arêp têmu lawan ingsun | lumaku ingsun ruwat | sri narendra

--- 162 ---

wus angagêm Kyai Baru | ki ajar pan pinaranan | dening wau sri bupati ||

32. wus pêrak ayun-ayunan | lan sang nata Tejalayar marani | sakalangkung sukanipun | sarwi alatah-latah | sri narendra gya ngangsahkên Kyai Baru | ki ajar kêna jajanya | niba nulya angêmasi ||

33. anging kuwandanya sirna | pan gêgêtun sadaya kang ningali | sri narendra nulya mundur | praptaning pasanggrahan | animbali satriya punggawa agung | Ki Urawan Sindurêja | Wirawidigda tan kari ||

34. karsane sri naranata | animbali Amral mring Surawèsthi | kang tinuding nêmbah mundur | saking ing ngarsa nata | lampahira kang caraka siyang dalu | nêngêna tan kawarnaa | duta prapta Surawèsthi ||

35. wus panggih kalawan Amral | miwah sira Radèn Nrangkusumèki | kang duta alon amuwus | Amral dika ngandikan | saha wadya sampun wontên ingkang kantun | lawan Radèn Nrangkusuma | saha wadya dèn timbali ||

36. Ônggajaya Ônggawôngsa | inggih samya ngandikan marang gusti | mung karia para umbul | ingkang atêngga kitha | gya têngara Amral gumrudug kang tambur | Rahadèn Anrangkusuma | bêndhene tinitir-titir ||

37. budhal saking Surabaya | pan gumuruh swaraning kang lumaris | pêtêng dhêdhêt kadya mêndhung | bandera warna-warna | bala ing Nrangkusuman lumakwèng ngayun | gêgamane abra sinang | saking nagara wus mijil ||

26. Mijil

1. apan sampun dungkap ing wanadri |

--- 163 ---

lampahira golong | datan wontên kaliru prênahe | sampun prapta ing Japan nagari | kunêng ta ing margi | Wirasaba rawuh ||

2. wus kapêthuk utusaning aji | mantri anom-anom | angenggalkên wau ing lampahe | tan winarna ing marga wus prapti | jajahan Kadhiri | pabarisan agung ||

3. sampun sowan ing ngarsa sang aji | Amral matur alon | mêngsah dalêm wus kasor jurite | kongsul saking nagri Surawèsthi | akêmbul mariki | kathah kang kapupu ||

4. kagungan dalêm Nyai Sêtomi | sênjata kinaot | inggih dipun pandungi kenginge | dhatêng pun Ônggawôngsa ing latri | pinikul pribadi | duk pambêktanipun ||

5. langkung trusthanira sri bupati | angandika alon | mila sira sun undang marene | mungsuhira ngêmbul mring Kadhiri | lan pêpatih mami | Môndaraka lampus ||

6. dene kang sun gêntèkakên patih | Amral karsaningong | ya Si Anrangkusuma sun gawe | nguyunana wong ing nungsa Jawi | Amral anjurungi | ing karsa sang prabu ||

7. lan Si Ônggawôngsa karsa mami | sun paringi lunggoh | Surabaya kang sun paringake | lawan ingsun êlih arannèki | Jangrana Ngabèi | Amral pan jumurung ||

8. anadene Si Ônggajayèki | maksiha anèng jro | apan besuk ingsun prênahake | kunêng solahira sri bupati | kawuwusa malih | Ki Trunajayèku ||

9. apan sampun ingaturan [ingatur ...]

--- 164 ---

[... an] uning | yèn rawuh sang katong | saha bala ing Singkal barise | miwah ingkang saking Surawèsthi | Amral sampun prapti | anunggil sang prabu ||

10. langkung rakit tatane kang baris | tan kêna cinorok | Prabu Trunajaya lon dêlinge | marang Darmayuda kang sinungling | undhangana aglis | pra prawiraningsun ||

11. lamun ingsun arsa magut jurit | sagung wadyaningong | sun pratêlu besuk ing barise | Mangkuyuda kang nindhihi kering | kanan kang nindhihi | Darmayuda besuk ||

12. pilihana wong kang bêcik-bêcik | kang sayogya tanggon | wong Makasar kiwakna barise | prênahêna ing ngarsa pribadi | yèn nolèh ing wuri | sosogên ing ganjur ||

13. dene ingkang sun pangku pribadi | wong Sampang nom-anom | pitung atus sasêliran kabèh | lan sun wuwuhi wong talangpati | satus bêcik-bêcik | lan wong danalawung ||

14. talangpati lan wong danapati | sun dèkèk wurèngong | atulunga yèn sayah kancane | wong trunalanang miluwèng ngarsi | anjajari jurit | lan wong trunalawung ||

15. wong surarancap milua ngarsi | sakancane kang wong | wong surasirip wuri ênggone | ajajara wong truna tan gingsir | lan bocah nrangwèsthi | lan truna tan kondur ||

16. gulang-gulang sun gawe suwiwi | nèng ngiringan ingong | dulangmangap dadia sisihe | wong brajamuka miluèng ngarsi | wong adrêmbapati | milua nèng pungkur ||

17. sigêgên

--- 165 ---

ingkang angreka wèsthi | wuwusên sang katong | pan siniwi ing wadyanirandhèr | angandika wau sri bupati | mring sagung bupati | dèn prayitnèng kewuh ||

18. ingsun arsa mangsah andon jurit | besuk Kêmis Êpon | pra dipatya atur sêmbah kabèh | sri naranata ngandika malih | undangên tumuli | Si Amral dèn gupuh ||

19. sigra ngandikan Amral glis prapti | ngarsaning sang katong | wus atabe sang prabu dêlinge | hèh ta Amral payo magut jurit | pinêcah tumuli | ingkang dhiri iku ||

20. Amral umatur suwawi gusti | ing yuda kinêtog | sri narendra nêmbang têngarane | umyung swaraning anata baris | tan kêna winilis | andhêndhêng lir mêndhung ||

21. kang minôngka ing pangawat kering | wong pasisir kulon | wong Mataram kang dadya kanthine | ingkang dadya dhadha wong Kumpêni | ing yuda apipit | tan nêdya amundur ||

27. Durma

1. kawarnaa wau Prabu Trunajaya | sampun nêmbang têngari | kang wadya sumahab | gêgaman warna-warna | tatane baris wus dadi | muntab bêlabar | anèng wetan bênawi ||

2. Trunajaya angadhangkrang pinayungan | kinubêng ing prajurit | wadya sasêliran | pinangku munggèng ngarsa | sèwu dhomas winatawis | busana abra | angagêm waos jinggring ||

3. kapurancak mamas binang wongatalya | ana ponthang bang kuning | ponthang lima aglar | puput lan tumpêr ingas | wênèh êmas winaradin | cêmêng myang abang | wênèh

--- 166 ---

kang tumbak wilis ||

4. Sang Aprabu Mangkurat wadyanya blabar | anèng kilèn bênawi | wus ayun-ayunan | Amral matur prayoga | yèn suwawi sri bupati | dipun sasaka | inggih lèpèn puniki ||

5. langkung wiyar datan kêna sinabrangan | lêbêt santêr kang warih | sang nata ngandika | mring sagung wadyabala | agawea sasak aglis | payo dèn enggal | tumandang wong pasisir ||

6. Prabu Trunajaya sampun ingaturan | uning wadya narpati | samya dandan sasak | suka Ki Trunajaya | sigra dènnya marêpêki | saha balanya | anèng pinggir bênawi ||

7. Trunajaya asru dènnya sumbar-sumbar | hèh payo wong Matawis | dudu wong prawira | aprang ngêntèni sasak | nora padha lawan mami | ratu digdaya | têdhak Jaran Panolih ||

8. pucukane wong Mataram yèn lêgia | nadyan bongkote dhingin | asêpa kewala | môngsa endah apelag | ratu têdhake wong tani | angur macula | bari angona sapi ||

9. pirabara yèn padha lan Trunajaya | bèbèt Jaran Panolih | pan ratu kasusra | lah payo wong Mataram | dèn padha angungsi pati | sri naranata | sampun ngaturan uning ||

10. lamun Trunajaya asru asêsumbar | anèng têpining warih | langkung dukanira | jaja bang lir rinêngga | kumêdut padoning lathi | nitih turôngga | arsa ngawaki jurit ||

11. Kyai Baru sampun ingagêm nèng asta | kudane dèn camêthi | sagung pra punggawa [pung ...]

--- 167 ---

[... gawa] | samya gendholi kuda | umatur sarwi anangis | samya nyêngkulak | kêndhali dèn cêkêli ||

12. adhuh gusti sampun angawaki yuda | yèn maksih pra dipati | benjang ngawakana | yèn abdi sampun têlas | lilih wau sri bupati | asru ngandika | padha maguta jurit ||

13. atur sêmbah sagunging para dipatya | samya nitih turanggi | anindhihi bala | Tumênggung Suranata | bêngawan dipun gêbyuri | sasêntananya | tumut gêbyur ing warih ||

14. pan binendrong pambêdhil dening wong Sampang | nanging mêksa anglangi | ya ta balanya Mral | ambendrong saking wuntat | arang tutug mimisnèki | tiba ing têngah | olèh batur pribadi ||

15. Ki Tumênggung Suranata wangsul mêntas | Amral kang dèn parani | cinandhak astanya | Suranata sru ngucap | pagene sira bêdhili | têka ing wuntat | olèh batur pribadi ||

16. angur sira dadia mungsuh wasisan | ja tanggung sun kêmbari | Amral angrarêpa | sun mentak ampun sira | apan ingsun tan udani | yèn olèh rowang | mungsuh sêdya sun bêdhil ||

17. Suranata sampun sigra nitih kuda | wangsul ambyur tumuli | saha balanira | nanging tan bisa mêntas | sagunging para dipati | ambyur sadaya | kuda sami anglangi ||

18. pan wong Sampang saragêni olèh papan | ambendrong saking nginggil | sagung pra dipatya | tan ana bisa mêntas | ya ta wau sri bupati | mulat ing bala | duka yayah sinipi ||

--- 168 ---

19. Kyai Bicak tinêmbang munya angangkang | wus ngagêm Kyai Gondhil | anyamêthi kuda | gêbyur marang bangawan | kali plabuhan mênyangking | ya ta sakala | kêna dipun sabrangi ||

20. palabuhan asate ilang rong duman | dadya toyanya kêdhik | wus kêna cinacak | têkan pêpikul nyabrang | sadaya wadya Kumpêni | samya anabrang | gumrah swaraning jalmi ||

21. pra dipatya sampun umêntas sadaya | wong Sampang anadhahi | akuwêl prangira | Tumênggung Suranata | pangamuke anglir bêlis | numbak amêdhang | anuduk angakahi ||

22. pra dipati sadaya angamuk rampak | wong Sampang anadhahi | pêngkuh barisira | ya ta Sang Kraèng Naba | sakumpênine dèn irit | mingêr angiwa | anglambung saking kering ||

23. sêntananya Galèngsong Dhaèng Mariwah | lawan Dhaèng Makincing | awas dènnya mulat | dulu Kêraèng Naba | sadulure gustinèki | dadya lumajar | mawut tan môngga pulih ||

24. sampun rusak tatane baris Madura | ingamuk pra dipati | miwah wong Walônda | tan anggop bêdhilira | wong Sampang dipun êdrèli | tan wontên tahan | miwah môncanagari ||

25. Prabu Trunajaya angawaki yuda | sakèhe wong sinêlir | tuwin punggawanya | sarêng angantêp yuda | samya ngamuk galonggolong. pipit | pan katadhahan | dening bala Kumpêni ||

26. swaraning kang sênjata lir gêlap sasra | awor bêndhe gong bèri | myang kriciking

--- 169 ---

kuda | awor tambur Walônda | lan pangadhuhing wong kanin | tanpa parungyan | lir ruging ardi wilis ||

27. Ki Tumênggung Mangkuyuda ing Madura | angamuk ngowak-ngawik | kang katrajang bubar | pan sampun katadhahan | dening kang para dipati | Ki Mangkuyuda | ing Kêdhu anadhahi ||

28. Mangkuyuda ing Kêdhu angêmbat watang | sigra amarêpêki | Mangkuyuda Sampang | tinumbak jajanira | têrus ing walikatnèki | sampun palastra | Dhandhangwacana aglis ||

29. atêtulung apan sampun katadhahan | mring anakira kalih | Kêdhu Mangkuyuda | Ki Lêmbu lan Ki Buwang | kinarocok wong kêkalih | Dandhangwacana | pan sampun angêmasi ||

30. bubar larut barise wong ing Madura | miwah môncanagari | malêdug sarsaran | tan ana kang puliha | ngungsi kitha ing Kadhiri | Ki Trunajaya | pan sampun inêb kori ||

31. gya ingêlut dening kang para dipatya | miwah wadya Kumpêni | gumrêgut tandangnya | prapta pinggiring kutha | lawange wus dèn inêbi | Ki Darmayuda | wau kang têngga kori ||

32. Mangkuyuda ing Kêdhu pan sampun prapta | anèng jabaning kori | saksana jinêjak | lawang kori malêsat | ajur mumur bobrak-babrik | Ki Darmayuda | wau kang têngga kori ||

33. Mangkuyuda angêmbat watang jumangkah | Darmayuda nadhahi | dyan tumbak-tinumbak | lawan Ki Mangkuyuda | jro kori jawining kori | pan sarêng pasah | sarêng dènnya ngêmasi ||

34. Mangkuyuda

--- 170 ---

mati sajawining lawang | Darmayuda ngêmasi | anèng jroning lawang | ya ta sagung dipatya | sadaya manjing jro kori | miwah Walônda | samya malêbèng kori ||

35. Trunajaya lolos saanak rabinya | angidul ngetan nênggih | marang Gunung Ngantang | sêdyane Trunajaya | wadyanira winatawis | wong sêsêliran | rongatus maksih ngiring ||

36. kawarnaa wau ta sri naranata | sampun ngaturan uning | yèn Ki Mangkuyuda | sampyuh lan Darmayuda | langkung ngungun sri bupati | kunarpanira | pan sampun dèn bêciki ||

37. Trunajaya katur lamun sampun kesah | ngidul ngetan mring ardi | Ngantang kang sinêdya | sang prabu langkung trustha | sigra umanjing kitha glis | saha balanya | prapta dèn sangkalani ||

38. janma sirna obahe ingkang buwana |Sengkalan: janma sirna obahe ingkang buwana (1601 A.J., 1678 A.D.). bêdhahe ing Kadhiri | ya ta sri narendra | sawadya anèng kutha | miwah kang wadya Kumpêni | anèng jro kutha | tuwin wadya pasisir ||

39. pan rong dina dènnya masanggrahan kitha | enjing budhal sang aji | jujul Trunajaya | gumrah sawadyanira | datan kawarna ing margi | prapta ing Payak | masanggrahan sang aji ||

40. anèng Payak sri narendra nata bala | kinèn angêpung ardi | apan Trunajaya | mêmpên sanginggil arga | sela samya dèn cancangi | yèn ingunggahan | tinatas angglundhungi ||

41. gênging watu saêjun ana salumpang | wontên ingkang sakrambil | têkan tabonira | wênèh sagênthong gêngnya | tan kêna

--- 171 ---

dipun unggahi | pan mung satunggal | margine dhandhang gêndhis ||

28. Dhandhanggula

1. kawarnaa wau sri bupati | siniwaka anèng pasanggrahan | pra dipati pêpak kabèh | Radèn Nrangkusumèku | Radèn Arya Sindurja nênggih | Dipati ing Ngurawan | nênggih jajaripun | Tumênggung Wirawidigda | Mangunonêng lan Binarong jajarnèki | Tumênggung Suranata ||

2. Ki Tumênggung Jangrana nèng ngarsi | para upsir munggèng ing ngayunan | miwah Amral Hèlduwèl Brèh | ngandika sang aprabu | marang Amral mundhut Kumpêni | anaa sabragada | arsa ingsun utus | anêlika wong Makasar | kang makuwon ing gunung Sampura nênggih | aran Dhaèng Mariwah ||

3. Busung Mêrnung lan Dhaèng Makincing | muwêr ana ing gunung Sampura | kang ngirida ing lampahe | Jangrana kang sun tuduh | Pasuruan sun kon nanduri | iya Si Ônggajaya | arana Tumênggung | Ônggajaya Pasuruan | ya ta Amral Hèlduwèl Brèh anjurungi | karsane sri narendra ||

4. sri narendra angandika malih | ampirana adhi Cakraningrat | nèng alas Lodhaya gone | konên seba maringsun | Ki Jangrana sigra wotsari | lèngsèr saking ngayunan | lan sabalanipun | lan Walônda sabragada | tan kawarna lampahe Ki Jangranèki | praptèng alas Lodhaya ||

5. kawarnaa kang dipun sakiti | Cakraningrat nèng alas Lodhaya | Trunajaya panggawene | punika pamanipun | mila datan kolu [ko ...]

--- 172 ---

[... lu] matèni | milane pinilara | ana ing wanagung | sêdyane Ki Trunajaya | ingkang paman matia dèn pangan eblis | nanging karsaning Sukma ||

6. Cakraningrat pan maksih basuki | kang nèng alas Lodhaya miyarsa | Trunajaya kajodhine | lawan wus madêg ratu | Adipati Anom Matawis | sira Ki Cakraningrat | asrêp manahipun | angrasa kalamun gêsang | wus adandan saanak rabinirèki | arsa seba mring Payak ||

7. enjing mangkat wau Sang Dipati | Cakraningrat saking ing Lodhaya | arêreyongan lampahe | ya ta nuli kêpêthuk | gêgamaning wong Surawèsthi | kagyat Ki Cakraningrat | dulu baris agung | dipun nyana Trunajaya | dangu-dangu ningali baris Kumpêni | laju Ki Cakraningrat ||

8. wus kapanggih lan Ki Jangranèki | Ki Tumênggung Jangrana sru ngucap | alah kakang sukur bage | dika ingkang kapêthuk | lan manira wontên ing ngriki | dika kakang ngandikan | dhatêng sang aprabu | masanggrahan anèng Payak | Cakraningrat sandika ature gipih | nulya ungkur-ungkuran ||

9. Ki Tumênggung Jangrana lumaris | sampun prapta nagri Pasuruan | sigêgên wau lampahe | gênti ingkang winuwus | wong Makasar midhangêt warti | yèn badhe dipun langgar | têdhak saking gunung | lampahe agêgancangan | sêdyanira anabrang dhatêng ing Bali | sagung bala Makasar ||

10. tan kawarna kang nabrang mring Bali | wong Makasar wus numpak ing palwa | Ki

--- 173 ---

Jangrana ing lampahe | Pasuruan wus suyut | datan ana suwalèng kapti | marang Ki Ônggajaya | sadaya anungkul | Tumênggung Jangrana budhal | saking kitha lampahira tan winarni | wuwusên Cakraningrat ||

11. sampun prapta pakuwon narpati | sri narendra pan lagya sineba | kagyat wau duk praptane | Cakraningrat cumundhuk | ngaraspada sarwi anangis | sang nata angandika | lungguha rininingsun | wus sira aja karuna | nagrinira sun paringkên sira malih | ing Sampang tampanana ||

12. anging sira sun sêdhahi kardi | sira bujuka Si Trunajaya | nèng Gunung Ngantang ênggone | Cakraningrat wotsantun | pan sandika karsa narpati | ya ta wong ing Madura | wus kathah kang rawuh | seba ing gustine lama | Cakraningrat wus kathah ingkang tut wuri | wong Sampang lan Madura ||

13. sigêgên kang lagya gunêm kawis | kawuwusa Prabu Trunajaya | anèng gunung pakuwone | sagarwa putranipun | pan cinatur garwanirèki | putri saking Mataram | kêkalih pan tumut | duk bêdhahe ing Mataram | putri kalih binoyong kinarya rabi | Sang Prabu Trunajaya ||

14. wau Radèn Ayu Klêting Kuning | Klêting Wulung punika kang tuwa | kang sampun dados garwane | kang anom pinarunggul | anging sang dyah tan angladosi | pan pinalaur pêjah | tan arsa salulut | lawan Prabu Trunajaya | dene sampun sadhèrèke dadya rabi | dhatêng Ki Trunajaya ||

15. Trunajaya nèng pucuking ardi [ar ...]

--- 174 ---

[... di] | para garwanira kawlasarsa | tan bêtah nora angombe | miwah kawulanipun | apan sami minggat ing wêngi | tan bêtah nora mangan | tan angombe banyu | wong cilik pan sabên dina | alorodan samya ngumpul mring Dipati | Sampang kang anèng Payak ||

16. Cakraningrat prasamya dèn ungsi | nora bêtah nèng luhuring arga | binaya mangap ngisore | apan kinêpung wakul | dening sagung para dipati | miwah wadyane Amral | prasamya angêpung | warnanên Ki Trunajaya | apan lagya ginubêl dening kang rayi | sang putri ing Mataram ||

17. radèn ayu amuwun tan sipi | ingkang para garwane sadaya | kalara-lara sambate | dene tan ngombe banyu | salamine nèng luhur ardi | wus kawan dasa dina | tan wontên anginum | umatur sang rêtnaning dyah | mring kang raka dhuh paraning rèh puniki | yèn awèt mangkenea ||

18. iya sapa bisa ngêlakoni | nora ngombe patang puluh dina | wong wadon pira kuwate | Trunajaya amuwus | antèkêna riningsun gusti | pirabara ing benjang | wruh rasaning banyu | sêdyakêna mara tapa | sang dyah ayu sumaur sarwi anangis | dhuh lae besuk apa ||

19. apa margane nginum wêwarih | ngisor gunung apan tinuguran | wong siji tan bisa mrèjèl | jêr dika wong kumênthus | nora nganggo boboting urip | mêksa umadêg nata | rat Jawa winêngku | samangke kadya punapa | solah dika duraka

--- 175 ---

dika andhêmi | amungsuh kadang tuwa ||

20. pae dhingin duk bêdhah Matawis | dika prênah wong liyan bêrayan | mêngke jêr wong mungsuh ipe | apa baya tinêmu | mêmungsuhan lan kadang mami | kang jêmakingjamaking. akathah | nênggih kadang sêpuh | pasthi gêgêntining rama | kang abênêr dununging sêmbah sayêkti | ya marang kadang tuwa ||

21. Trunajaya pan kadya jinait | driyanira myarsa kang wacana | tanbuh duk mijil waspane | kang rayi gya rinangkul | dhuh abdine atadhah runtik | mring gusti sang lir sêkar | dewaning wong ayu | sapa kang duwe bêndara | kaya amung Trunajaya kang nungkêmi | nadyan praptèng dêlahan ||

22. mingsêg-mingsêg wau sang lir Ratih | lamun dika anurut maringwang | pasthi ingsun mudhun dhewe | amapag kakang prabu | nadyan silih amanggih pati | môngsa ta gumingsira | iya raganingsun | nanging sun watara kangmas | yèn sun gubêl nora kolu amatèni | nadyan mring kang salira ||

23. wus dilalah karsaning Hyang Widhi | Trunajaya manahipun gampang | dadya nurut ing garwane | datan sawalèng kayun | Trunajaya dêlingnya manis | dhuh mirahe pun kakang | ratuning rum-arum | sira gusti rumiyina | umarêka ing raka dika narpati | ngaturna pêjah gêsang ||

24. nanging anggèr mangkata rumiyin | yèn wus silih panggih lan rakanta | yèn wus ngapurèng dasihe | dene sun nuli mudhun | ngaturakên ing pati urip | marang sri naranata | gêntia winuwus | wontên wong Madura prapta | saking ngandhap pan [pa ...]

--- 176 ---

[... n] sarwi ambêkta tulis | utusane kang paman ||

25. Cakraningrat kang anonjok tulis | sampun prapta pucuking aldaka | katur mring Trunajayane | surat tinampan sampun | gya winaca sinukmèng galih | bêbukaning kang surat | salam donganingsun | tumêkaa mring anak mas | sira nyawa dèn timbali ing narpati | Sang Prabu Amangkurat ||

26. dene salahira ingkang dhingin | ingapura dening sri narendra | ingsun nanggung mring dhèwèke | dukane sang aprabu | yèn cidraa anêdyèng pati | pasthi anak pun bapa | nyawa kang ananggung | anambêli umurira | yèn wus têrang nuli angsulana tulis | ingsun mapag mring sira ||

27. langkung sukanira jroning galih | Trunajaya miyarsa kang surat | kalangkung asrêp manahe | tan kawarna ing dalu | enjingira arsa lumaris | nanging wau kang garwa | kang kinèn rumuhun | sarêng dutane kang paman | sampun têdhak saking sapucuking ardi | tandhu wahananira ||

28. wong Madura kang samya jajari | tumbak binang watara nêmbêlas | tandhu tinedhengan cindhe | sakèhing kang angêpung | samya kagyat dènnya ningali | nanging samya dinuga | lamun radèn ayu | garwane Ki Trunajaya | pan kang rayi wau marang sri bupati | samya tinon kewala ||

29. tan winarna lampahirèng margi | sampun prapta wau pasanggrahan | kagyat mulat ing rawuhe | sampun katur sang prabu | apan lagya siniwèng dasih | kagyat duk praptanira | kang rayi cumundhuk |

--- 177 ---

manêmbah padanirèng sang | lara-lara sang rêtna dènnya anangis | ngrangkul padaning nata ||

30. angandika wau sri bupati | wis mênênga babo ariningwang | dèn narima ing titahe | pan karsaning Hyang Agung | lêlakone awakirèki | balik ingsun têtanya | mring sira riningsun | ana ngêndi lakinira | kaya priye sujude marang ing kami | kang rayi matur nêmbah ||

31. rayi dalêm maksih wontên wukir | pan angantos timbalan paduka | lampah kawula wiyose | kinèn matur pukulun | atur tobat paduka aji | ngandika sri narendra | ya tarimaningsun | lah ta adhi Cakraningrat | lumakua amapag marang ing wukir | môngsa bodhoa sira ||

32. sigra nêmbah wau Sang Dipati | Cakraningrat lèngsèr saha bala | Ki Suranata kanthine | datan kawarnèng ênu | sampun praptèng sukuning wukir | Ngantang nulya utusan | kang paman mring luhur | wus panggih lan Trunajaya | ingaturan kalamun kang paman prapti | angantos anèng ngandhap ||

33. Trunajaya nulya têdhak gipih | saking ardi ambêkta bongkokan | ginotong anèng ngarsane | watara pitung puluh | panakawanira umiring | prasamya bêrundhulan | praptèng ngandhap sampun | panggih lawan ingkang paman | gya cumundhuk Trunajaya angabêkti | mring paman Cakraningrat ||

34. dyan rinangkul mring kang paman aglis | Cakraningrat alon angandika | babo anak ingsun dhewe | sira ngabêkti ratu |

--- 178 ---

apan mêntas kawon ajurit | bêcik nganggo pratôndha | nyawa putraningsun | katon katêmênanira | Cakraningrat wadyane wus dèn kêjèpi | anubruk Trunajaya ||

35. Trunajaya tan suwalèng kapti | pan sumôngga karsane kang paman | môngsa amriha dudune | Cakraningrat amuwus | aja walangdriyanirèki | kêpanggihing pun paman | dukane sang prabu | binônda cindhe puspita | Trunajaya sampun binêkta lumaris | budhal saking ing Ngantang ||

36. kawarnaa wau sri bupati | ingkang wontên jroning pasanggrahan | siniwi wadyabalane | munggèng têtarub agung | pêpak andhèr para dipati | tuwin para satriya | Kumpêni nung-anung | prasamya munggèng ngayunan | miwah Amral Hèlduwèl Brèh anèng ngarsi | sang nata angandika ||

37. marang sêlir kinèn ngarih-arih | tungkulêna iku arinira | dèn Ayu Trunajayane | binêkta marang pungkur | kawarnaa Sang Adipati | Cakraningrat wus prapta | jaban baris agung | kèndêl ngaturi uninga | mring sang nata yèn Ki Trunajaya prapti | sampun binêkta bêstan ||

38. langkung trusthanira sri bupati | wadya kinèn abaris sadaya | tuwin wong Kumpêni kabèh | abaris ngurung-urung | anggêgila kang lagi prapti | ya ta nulya ngandikan | Cakraningrat wau | ambêkta Ki Trunajaya | wus lumampah nangis sajroning kang ati | kaduwung solahira ||

39. prapta ngarsanira sri bupati | Trunajaya tumungkul alênggah [alêng ...]

--- 179 ---

[... gah] | lir konjêm siti mukane | êdrèl munya gumrudug | mariyême awanti-wanti | Kodhokngorèk angangkang | gong bèri ambarung | tambure munya brang-brangan | Trunajaya pan kadya binayang kari | anglês sarira lupa ||

40. sri narendra angandika aris | hèh bagea adhi Trunajaya | dèn kaparèng ngarsa kene | Trunajaya anuwun | saha nêmbah sumungkêm siti | sang nata angandika | ing ubayaningsun | sira adhi luwarana | apan ingsun durung duwe ujar malih | ya mêngko iya kuna ||

41. apan dhingin ingsun duwe jangji | lawan sira yèn arja ing lampah | ingsun jro sira jabane | rat Jawa ingsun tan wruh | darma ingsun dadi narpati | sira anduwènana | bang-bang alum-alum | mêngko adhi tampanana | nungsa Jawa apan ingsun tan ngawruhi | môngsa bodhoa sira ||

42. Trunajaya mêksa tan atampi | pangandika dalêm kaping tiga | Trunajaya nuhun ture | Pangran Lamongan muwus | anambungi sabda narpati | Ki Anak Trunajaya | pagene sirèku | têka sira tampanana | ngêndi ana satriya cidra ing jangji | kaya trah pêdarakan ||

43. Trunajaya anêmbah nyuwun sih | sri narendra alon angandika | padha sêksènana kabèh | luwara jangjiningsun | adhi Trunajaya sun srahi | rat Jawa wus kalakyan | ing punaginingsun | nanging punagi manira | kari siji mêngko arsa sun luwari | duk ingsun anèng Têgal ||

44. punagining sun ingkang sawiji |

--- 180 ---

Trunajaya payo luwara | kêris Ki Bêlabar kiye | sun liga laminipun | apan nora ingsun sarungi | yèn nora asarungan | ing jajanirèku | ya ta sagung pra dipatya | Trunajaya sinaosakên mangarsi | sigra sang nata têdhak ||

45. saking dhêdhampar amarêpêki | Trunajaya ginoco jajanya | têrus maring walikate | ludira drês sumêmbur | ya ta wontên parêpat alit | aran Ki Atapgopa | nututi anyuduk | graita sagung punggawa | pan sadaya pra dipati anuduki | ajur kuwandanira ||

46. sri narendra asru dènirangling | hèh sakèhe pra dipatiningwang | payo mangana atine | sigra rinêbut-rêbut | dening sagung para dipati | atine Trunajaya | kaduman nyakuku | mastaka sampun tinigas | apan tansah sinandhing dening narpati | munggèng soring dhêdhampar ||

47. apan wontên êmbane sawiji | sakalangkung agêng inggilira | Ki Sêcagora wastane | sampun binêsta wau | nanging kêdah bela ing gusti | dinangu ing sang nata | sun tanya sirèku | mring ngêndi eyang Kajoran | Sêcagora umatur sarwi wotsari | kesah mring sonya sirna ||

48. Sêcagora sampun dèn patèni | kawarnaa Jangrana wus prapta | sarêng lan Ônggajayane | ngandikan kalihipun | praptèng ngarsa saha wotsari | sang nata angandika | nusula anuduk | ing bathange Trunajaya | pan wus ajur saksana prayayi kalih | sarêng narik curiga ||

49. kunarpane sampun awor siti | sinudukan marang Ki Jangrana |

--- 181 ---

wong loro lawan kakange | sarêng wêwêdhak marus | kawarnaa sri narapati | kondur amasanggrahan | mastaka tan kantun | cinangking dening parêpat | munggèng ngarsanira wau sri bupati | binêktèng pasarean ||

50. ya ta wau kang rayi narpati | ingkang garwa maring Trunajaya | miyarsa asru tangise | dhuh lae kakang prabu | bok iyaa wêlas ing mami | dene wis atur tobat | ing kadudonipun | sri naranata ngandika | ingkang rayi apan ta sampun pinêtik | ing lire lakinira ||

51. dadya kèndêl wau ingkang rayi | kawarnaa wus surup Hyang Arka | jêng sinuhun munggah sare | mastaka datan kantun | pan kinarya kêlut sawêngi | singa kang minggah nendra | kêkèsèt puniku | ing êndhase Trunajaya | para sêlir miwah pra parêkan alit | prasamya kèsèt sirah ||

52. ya ta wau kawarnaa enjing | sri narendra miyos sinewaka | siniwi wadyanirandhèr | angandika sang prabu | marang sagung kang para nyai | samya kinon dhêploka | ing mastakanipun | Trunajaya jroning lumpang | sigra wau para nyai lawan sêlir | samya dhêplok mastaka ||

53. ajur mumur mustaka wor siti | ya ta wau sang nata ngandika | mring para dipati kabèh | sagung punggawaningsun | pirsakêna timbalan mami | Si Lêmbu lan Si Buwang | karo ingsun junjung | wêdana bumi bumija | pan Si Lêmbu Tumênggung Mangkuyudèki | Si Buwang Natayuda ||

54. sri narendra angandika

--- 182 ---

malih | Nrangkusuma padha undhangana | ingsun arsa budhal age | mring Surabaya ngujung | Nrangkusuma saha wotsari | Pangeran Cakraningrat | manêmbah umatur | angaturakên jarahan | saking Ngantang sakarine para rabi | kang prasamya kasmaran ||

(Sambêtipun kawrat jilid kalih)