Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 01-07)

BABAD MATARAM

Bagian 2

Sêrat Babad ing Mataram

Anyariyosakên kala Trunajaya ambêdhah karaton ing Mataram, ngantos dumugi kacêpêngipun Trunajaya wontên gunung Ngantang sarta kapêjahan dhatêng Sang Prabu Anom.

Kaêcap ingkang kaping kalih.

Ingkang ngêdalakên Radèn Dirjaatmaja
Rêdhakturing sêrat kabar Jawi Kandha ing Surakarta.

Kaêcap ing pangêcapanipun N.V. Mij t/v d/z ALBERT RUSCHE & Co.
Soerakarta, 1915.

BABAD MATARAM

Bagian 2

Sêrat Babad ing Mataram

Anyariyosakên kala Trunajaya ambêdhah karaton ing Mataram, ngantos dumugi kacêpêngipun Trunajaya wontên gunung Ngantang sarta lajêng kapêjahan dhatêng Sang Prabu Anom.

Kaêcap ingkang kaping kalih.

Ingkang ngêdalakên Radèn Dirjaatmaja
Rêdhakturing sêrat kabar Jawi Kandha ing Surakarta.

Kaêcap ing pangêcapanipun N.V. Mij t/v d/z ALBERT RUSCHE & Co.
Soerakarta, 1919.

--- [0] ---

BABAD MATARAM

--- 3 ---

Sêrat Babad Mataram

1. Asmaradana

1. ya ta kondur sri bupati | malêbêt ing pasanggrahan | datan winarna dalune | ya ta kawarnaa enjang | sampun nêmbang tangara | swaraning bala gumuruh | kadi ombaking sagara ||

2. wus budhal sri narapati | saking pasanggrahanira | untabing wadya agolong | saengga ardi kusuma | asrining bala koswa | wadya pasisir nèng ngayun | ing wuri môncanagara ||

3. sagunging bala Kumpêni | tan têbih lawan sang nata | munya brang-brangan tambure | sira Tumênggung Jangrana | kang munggèng ngarsa pisan | datan kawarna ing ênu | lampahe sri naranata ||

4. praptèng nagri Surawèsthi | sampun sami masanggrahan | lajêng angujung mring Ngampèl | sira Pangeran Lamongan | ginêmpalakên lênggah | ing Surabaya wong sèwu | sira Pangeran Lamongan ||

5. sri naranata anuding | marang Radèn Mangunjaya | sira mringa Giri age |

--- 4 ---

turêna sêmbah manira | ingsun dèn idènana | panjênênganingsun ratu | amêngku rat tanah Jawa ||

6. lan kêris wasiyat Giri | iku suwunên dèn kêna | Ki Kalammunyêng arane | Ki Mangunjaya tur sêmbah | lèngsèr saking ngayunan | lampahe datan winuwus | wus prapta ing Giripura ||

7. panggih lan Pangeran Giri | Mangunjaya wuwusira | pangeran kula kinèngkèn | dhatêng ing gusti kawula | Susunan Amangkurat | tuwan idènana iku | ing jênênging mêngku Jawa ||

8. ngandika Pangeran Giri | kang jumênêng Amangkurat | ingsun takon sabênêre | wartane anake Amral | pêksa ngrabasèng Jawa | yèn èstu warta puniku | tan arsa sun ngidènana ||

9. lamun wijiling Matawis | kang nama Prabu Mangkurat | ingsun idèni jênênge | jêr iku kang duwe Jawa | yèn dudu trah Mataram | tan arsa ngidèni ingsun | Mangunjaya matur salah ||

10. kawula botên udani | wijile Sunan Mangkurat | ilok-iloking wong akèh | dene prayayi Mataram | akathah kang suwita | nanging wartane misuwur | inggih anake wong sabrang ||

11. pun Amral ingkang ngêmbani | jumênêng ing nungsa Jawa | Pangran Giri ngandikane | wis Mangunjaya muliha | ingsun tan arsa seba | angidèni sun tan purun | kêris pinundhut tan suka ||

12. Mangunjaya nulya amit | tan winarna lampahira | wus prapta Surabayane | lajêng tumamèng ngayunan | sang nata duk sineba | Ki Mangunjaya umatur | gusti pun Giri abôngga ||

13. datan purun angidèni | [...][1] jênêng tuwan narendra | dhuwung pinundhut tan awèh | aseba [ase ...]

--- 5 ---

[... ba] pan botên nêdya | sang nata langkung duka | jajanira sumung-sumung | ngantirah pasuryanira ||

14. pangandikanira wêngis | payo nêmbanga têngara | Giri ingsun tindakane | sigra kang para dipatya | samya nata gêgaman | wadya Kumpêni akumpul | sri naranata gya bubar ||

15. sumrêg kang wadya lumaris | bubar saking Surabaya | lir ombaking sagara rob | ginêlak lampahing bala | ing marga tan winarna | ing Grêsik pan sampun rawuh | apan lajêng masanggrahan ||

16. warnanên Pangeran Giri | pan sampun miyarsa warta | yèn linurugan prajane | dening Susunan Mangkurat | pan arsa mapag yuda | kulawôngsa samya ngumpul | miwah para modinira ||

17. sami sêdyarsa prang sabil | santana ing Giripura | samya anêdhêng gawene | warnanên sri naranata | enjing nêmbang têngara | ing Giri sampun kinêpung | gêgaman tanpa wilangan ||

18. môncanagara pasisir | miwah kang bala Walônda | pan sarêng amarêk kabèh | wadya Giri binêdhilan | nanging tan wontên mêdal | baris pêndhêm sêdyanipun | muwêr salêbêting dhêkah ||

19. kinarutug dening bêdhil | wong Giri tan arsa mêdal | pra santana rêmbag kabèh | aluwung dadia lesan | dadya wong Giri mêdal | winatawis kalih atus | wong Giri angamuk rampak ||

20. môncanagara pasisir | miwah kang bala Walônda | wong Giri rêmpêg pêrange | tan kandhêg pangamukira | binendrong ing sênjata | wong Kumpêni bêdhilipun | mimise pan kadya udan ||

21. anusup kukusing bêdhil | wong Giri ri[...][2] [ri ...]

--- 6 ---

[... [...]] prangira | wong pasisir kèh kalonge | miwah wong môncanagara | wus kathah ingkang pêjah | kang para dipati magut | samya ngawaki sadaya ||

22. wontên santana ing Giri | aran Radèn Singasêkar | kagila-gila tandange | wong pasisir bubar-bubar | ingamuk Singasêkar | langkung duka sang aprabu | angatag sagunging bala ||

23. lah payo bala Kumpêni | pira kadare wong Arga | urugên pêpati bae | santana gya sarêng mangsah | Bugis miwah Mêkasar | Ambon Têrnate pan ambyuk | sarêng wadya kasinoman ||

24. miwah sagung pra dipati | ngêbyuki saha balanya | wadya ing Giri tandange | wong Giri kathah kang pêjah | dèn lambung saking kanan | wong Sampang samya umasuk | ing dhukuh gègèr puyêngan ||

25. miwah wadya Surawèsthi | prasamya manjing ing dhêkah | wong Giri wus kuwur prange | dening dhukuh kalêbêtan | dadya Pangeran Ngarga | sampun cinêpêngan wau | dening kang para dipatya ||

26. ya ta Radèn Singasari | aningali mring kang paman | binabayang ing wong akèh | sigra dènnya buwang watang | angamuk lan curiga | singa katarajang gêmpung | dening Radèn Singasêkar ||

27. pra dipati anadhahi | kinarocok Singasêkar | lir parugu upamine | sinosog ing alang-alang | dadya sagunging wadya | giris mulat samya kondur | angungsi sri naranata ||

28. langkung duka sri bupati | judhipati ajarsura | ingkang wadya anom-anom | sadaya kinèn umangsah | nadhahi Singasêkar | kinarocok watang ganjur | lêmbing busur lan gudebag ||

--- 7 ---

29. nanging tan wontên nêdhasi | maring Radèn Singasêkar | sakalangkung ing timbule | angawêt pangamukira | rusak ingkang apanggah | sumyur wadyane sang prabu | judhipati jagasura ||

30. kang wadya nom-anom gusis | akathah ingkang palastra | wong Kumpêni kathah longe | langkung dukaning sang nata | arsa angawakana | gya Pangeran Kadilangu | Panêmbahan Natapraja ||

31. umatur dhatêng narpati | sampun anggèr mangsah yuda | yèn maksih ingkang mangkene | sigra Pangran Natapraja | sampun nyandhak talêmpak | mara sarwi nguwuh-uwuh | hèh Singasari mandhêga ||

32. sira Radèn Singasari | inguwuh-uwuh tan mirsa | pan wuru wau pamuke | Panêmbahan Natapraja | mara saking ing ngarsa | pan sampun dulu-dinulu | Radèn Singasari mojar ||

33. sira iki wong punapi | wus dhawuk pêksa sudira | lungaa aja nèng kene | mêngko sira sun sasêmpal | Pangeran Natapraja | pangandikanira arum | hèh pantèn sira nututa ||

34. ya ta Radèn Singasari | bramantya anggigit waja | arsa narajang sêdyane | tinadhahan ing talêmpak | ing Pangran Natapraja | ing jaja walikat têrus | sira Radèn Singasêkar ||

35. mapan sampun angêmasi | maksih angawêt lathinya | curiga pan maksih lèngkèt | astanya lawan ukiran | datan kêna winêngkang | gawok sadaya andulu | gèdhèg-gèdhèg Amral mulat ||

36. ya ta Pangeran ing Giri | ingaturakên bêbêstan | apan nulya dipun lawe | Pangeran Giri wus pêjah | kang Kalammunyêng ika | apa ta siyos pinundhut | sri narendra [na ...]

--- 8 ---

[... rendra] nulya budhal ||

37. gumêrah lampahing baris | datan winarna ing marga | prapta ing Surapringgane | sri narendra masanggrahan | watawis pitung dina | wadya ingundhangan sampun | sang nata pan arsa budhal ||

38. saking nagri Surawèsthi | ya ta wau Mangunjaya | sampun jinunjung lungguhe | Sumênêp ganjaranira | Rahadèn Mangunjaya | sarta sinungan jêjuluk | Pangeran Cakranagara ||

39. ya ta wau sri bupati | budhal saking Surapringga | nglurug angilèn lampahe | gumêrah swaraning bala | narajang wanawasa | Amral Hèlduwèl Brèh wau | tumut mêdal ing dharatan ||

40. kasukan samargi-margi | sang nata lan wadyabala | suka manahe punang wong | sagunging para dipatya | pasisir wetan samya | ambêkta dêdamêlipun | tinon lir dhandhang wurahan ||

2. Dhandhanggula

1. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta nagri Garobogan | anjog Samarang karsane | tan kawarna ing ênu | ya ta wontên pocapan malih | Ki Buyut Kêlaweyan | wau kang winuwus | lan anake Martanaya | duk sinuhun budhal saking nagri Têgil | alayar mring Jêpara ||

2. Kêlaweyan lan anakirèki | samya sêgah nèng têngah lautan | akathah atur-ature | durèn lawan kêpundhung | myang pijêtan nanas lan manggis | pêlêm kuwèni nôngka | sêmôngka lan timun | sang nata nuju kasatan | Martanaya suguhe katur sang aji | kêlangkung kapracaya ||

3. pan dhinahar suguhe tumuli | sri narendra pan angrasa nikmat | dadya dhawuh timbalane | tarima têmên ingsun [ingsu ...]

--- 9 ---

[... n] | besuk ingsun lamun basuki | andon prang ing bang wetan | amapaga besuk | ing mêngko sira karia | sun alimi aja tut wuri ing kami | ing mangke Martanaya ||

4. apan sampun midhangêt pawarti | lamun sinuhun lanang kang yuda | rawuh Sêmarang badhene | Ki Martanaya mêthuk | lan bapakne mapag narpati | wuwusên sri narendra | lampahira rawuh | anèng nagari Sêmarang | Kêlaweyan kalawan anakirèki | nênggih Ki Martanaya ||

5. wus tumamèng pasanggrahan aji | sri narendra pan lagya sineba | kagyat wau duk praptane | Ki Martanaya iku | angandika sri narapati | hèh babo Martanaya | bagea sirèku | tur sêmbah Ki Martanaya | sampun katur suguhe marang narpati | sang nata angandika ||

6. Kêlaweyan pan anakirèki | ingsun pundhut ya Si Martanaya | ingsun arsa nyaur sihe | sun junjung lungguhipun | aduwea nagri Sêmawis | lawan sun wèhi aran | arana puniku | Mas Ôngga Yudanêgara | Kêlaweyan asujud sumungkêm siti | langkung panuwunira ||

7. pra dipati samya anêksèni | yèn Ki Martanaya aran êmas | Ôngga Yudanêgarane | apan ta wus misuwur | dènnya lênggah nagri Sêmawis | sêmana sri narendra | siniwi wadya gung | rêrêmbagan badhe kitha | sri narendra tan arsa kutha Matawis | Mangunonêng tur sêmbah ||

8. yèn suwawi ngadhaton nèng Tingkir | datan arsa wau sri narendra | Ki Wiradigda ature | yèn karsa sang aprabu | sukune kang ardi Marapi | ing Logêndèr punika | sae papanipun | sri

--- 10 ---

naranata tan arsa | Ki Urawan umatur sarwi wotsari | gusti ing Wanakarta ||

9. apolatan papannya arêsik | lawan cêlak ing kadhaton Pajang | amba mirsa wirayate | duk kala swarginipun | yang paduka Pangeran Pêkik | ngandika mring Mataram | kêdalon nèng Butuh | lajêng asare ing dagan | wontên swara ujaring swara dumêling | hèh Pêkik wruhanira ||

10. alas kulon ing Pajang puniki | Wanakarta besuk dadi kutha | anadene narpatine | iya putunirèku | besuk yèn wus bêdhah Matawis | sang nata langkung suka | dhahar aturipun | Ki Adipati Urawan | angandika sang nata marang ki patih | Radèn Anrangkusuma ||

11. Nrangkusuma mangkata rumiyin | babadana alas Wanakarta | reka-rekanên patute | bakal tadhaton[3] ingsun | atur sêmbah rahadèn patih | lèngsèr saking ngayunan | saha balanipun | tan winarna lampahira | anèng marga rahadyan mung tigang latri | prapta ing Wanakarta ||

12. binabadan rineka tumuli | sasampuning rineka sadaya | gatra-gatra ing badhene | warnanên sang aprabu | budhal saking nagri Sêmawis | gumêrah swaraning kang | bala tôntra agung | ing ênu datan winarna | sampun prapta ing Wanakarta sang aji | lajêng ngadhaton pisan ||

13. pan dèn êlih araning nagari | nagri Kartasura Adiningrat | duk nalika ngadhatone | Ruwah tanggal ping pitu | apan nuju ing taun Alip | Rêbo Pon dintênira | sinêngkalan wau | ing mantri sirna kawayang | rêbut sênêng: lir ngambara ngrasa wani | singa ingkang kanggea ||

--- 11 ---

14. sri narendra karsa animbali | mring kang rayi Jêng Sunan Ngalaga | ingkang ngadhaton ing Plèrèt | duta umangkat sampun | tan kawarna duta narpati | gênti kang kawuwusa | kang umadêg ratu | kang ngrêbat pura Mataram | Jêng Sinuhun Ngalaga lagya tinangkil | andhèr kang wadyabala ||

15. ingkang munggèng ing ngarsa narpati | Arya Môndhalika lan Ki Patya | Natakusuma sisihe | jajar lan pra tumênggung | dêmang arya lawan ngabèi | rôngga lan pêcattôndha | kêndhuruanipun | Tumênggung Gajahpramana | lan Ki Rôngga Tanpulas munggèng ing ngarsi | Ngabèi Tanpanata ||

16. Demang Kalêng lan Ki Jagapati | miwah sira Arya Tambakbaya | lan Arya Surajayane | Ki Môndhalika matur | mring sang nata sarwi wotsari | gusti kula miyarsa | nênggih wartinipun | rakanta umadêg nata | gêng karamat pun Trunajaya kajodhi | dene raka paduka ||

17. bala tiyang sabrang warni-warni | anging wontên satêngahing warta | sutanya Amral yaktine | mêmindha amrih suyud | ngrabasèng rat talatah Jawi | sang nata angandika | apa yêktinipun | kalamun dudua kangmas | Môndhalika matur sarya awotsari | katawis yèn dedea ||

18. dènnya nganggea cara Walandi | kula kuli ika mring wong kopar | tan pisah sanalikane | punika dedenipun | gusti mênggah watawis malih | têmêne yèn rakanta | dene abdinipun | rakanta kang lama-lama | inggih mêksih asuwita ing narpati | sagung wong kadipatyan ||

19. sri narendra èmêng ingkang galih | angandika mring sagung punggawa | hèh

--- 12 ---

wong ingsun sadayane | aywa padha katungkul | dèn samêkta dandanan jurit | manawa ana mêngsah | Si Amral angripu | môngsa wurunga ayuda | yèn Si Amral mêksa ngukuhi rat Jawi | yêkti caraka sura ||

20. nadyan silih kakang mas dipati | yèn tan amrih arjaning nagara | wong kopar dèn têkakake | tan ngeman nagrinipun | anyambata asrah wong cilik | padha kinèn bokonga | mring wong sabrang iku | yèn mangkono kakang êmas | pêsthi ingsun saolèh-olèh nyabili | sira Sutawijaya ||

21. kaya dudu kakangmas dipati | dene wartane ngaji mring Mêkah | mêngko mangkono dadine | dadya Walônda butun | Môndhalika awasna malih | dèn waspada ing warta | aja salah surup | kalamun dudu kakangmas | pasthi kono angantêp prang raup gêtih | matièng pabaratan ||

22. lagya eca gènnya gunêm kawis | pan kasaru praptaning kang duta | dumarojog ing ngarsane | mundhi nawala katur | tinampanan dera narpati | têmbunge kang nawala | salam donga ingsun | Kangjêng Suhunan Mangkurat | Senapati Ngalaga Ngabdulrahmani | Sayidin Natagama ||

23. tumêkaa mring dhimas Dipati | Pugêr ingkang madêg natèng laga | kang ngênggoni ing Palèrèt | sawusing salam ingsun | ingsun wèh wruh ing sira yayi | prakara mungsuh para | kang ngrusak Matarum | Si Trunajaya wus pêjah | wonge tumpês anadene ingsun yayi | ngadhaton bumi Pajang ||

24. Wanakarta kang ingsun bakali | sira dhimas praptaa dèn enggal | ingsun onêng ing dhèwèke | titi kang surat sampun [sa ...]

--- 13 ---

[... mpun] | angandika sri narapati | hèh duta wus balia | sun pikire pungkur | duta tur sêmbah umangkat | lèngsèr saking ngarsaning sri narapati | sigêgên ingkang duta ||

25. saungkure duta gunêm kawis | wau Kangjêng Susunan Ngalaga | lawan para punggawane | ngandika sang aprabu | kayaparan kabèh sun tari | umatur Môndhalika | adhuh gustiningsun | tan eca raosing driya | bokmanawi saking gunaning Kumpêni | akarya mindha-mindha ||

26. Pangran Natakusuma wotsari | adhuh gusti suwawi asowan | mokal yèn agawe-gawe | dene pasisir suyud | yèn dedea ta kadipundi | sumambung Môndhalika | dedene puniku | têka arupa Walônda | iya saking bisa-bisaning Kumpêni | tan eca linambana ||

27. angandika wau sri bupati | Natakusuma sira sun duta | talikanên sayêktine | lan Si Natabratèku | sun gawakkên minôngka kanthi- | nira ana ing marga | kang kinon wotsantun | Pangeran Natakusuma | lawan Radèn Natabrata dyan lumaris | budhal saha balanya ||

28. kawarnaa dutaning narpati | Pangalasan prapta Kartasura | lajêng tumamèng ngarsa ge | tur sêmbah sarya matur | inggih tuwan amba wus prapti | nagari ing Mataram | arinta kêpangguh | kang umadêg natèng laga | datan arsa rayinta seba tumuli | amawi walangdriya ||

29. dhawuhipun rayi jêng narpati | inggih amba kinèn rumiyina | lagya pinikir pungkure | warnanên dutanipun | Susuhunan Nglaga Matawis | aran Natakusuma | lan Natabratèku | prapta nagri Kartasura | sri narendra pan lagya miyos [mi ...]

--- 14 ---

[... yos] tinangkil | andhèr kang wadyabala ||

30. ingkang munggèng ngarsaning narpati | Rahadyan Patih Anrangkusuma | tuwin para pratiwa kèh | kang pratiwa nung-anung | Arya Sindurêja nèng ngarsi | myang Dipati Urawan | linggih jajaripun | Tumênggung Wirawidigda | Mangunonêng myang sagung para dipati | pasisir munggèng ngarsi ||[4]

31. Radèn Anrangkusuma wotsari | matur dhatêng jêng sri naradipa | wontên dutaning nak anggèr | nênggih arinta prabu | ingkang ngutus sowan sang aji | Pangran Natakusuma | pratiwa nung-anung | lan Natapraja juganya | sri narendra sigra angandika aris | sebakna ing ngarsèngwang ||

32. dhinawuhan duta tumrap ta ing | ngarsa narpati mangsah gya-agya | caraka atur sêmbahe | dhuh gustyamba ingutus | sowan munggèng ngarsa narpati | pangabêktinya rinta | katur jêng pukulun | marmanya rinta tan prapta | wit sumêlang galihe rinta narpati | myarsa duta tan tumrap ||

33. yèn mirsaa arinta narpati | lamun yêkti caraka paduka | sayêkti sowan ge-age | ing ngabyantara prabu | agraup mrih amangênjali | ing paduka narendra | arinta pukulun | sri narendra angandika | iya bênêr si adhi prayitnèng wèsthi | mênawa mindha-mindha ||

34. Pangran Natakusuma lingnya ris | adhi Natabrata pakênira | tumuli muliha age | matura lamun èstu | yèn kang raka sri narapati | Natabrata gya linggar | ing ngarsa sang prabu | tan kawarna kang lumampah | kawuwusa sri narendra ing Matawis | lagya siniwèng wadya ||

35. pratiwa nung-anung nèng ngarsa ji | Arya Môndhalika matur nêmbah | dhuh gusti yèn [yè ...]

--- 15 ---

[... n] karsa anggèr | sampun nêdya cumundhuk | nadyan silih rakanta aji | pan paduka mahraja | tan wontên lyanipun | nadyan raka naranata | swalèng karsa kait lan wadya Kumpêni | arsa ambèncèng karsa ||

36. sri narendra lagyeca tinangkil | pan kasaru praptaning kang duta | tumamèng ngabyantarane | Radèn Natabratèku | sumusup ing sri narapati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | sampun karsaning Hyang Sukma | Natabrata samana umatur silip | marang sri naranata ||

37. dhuh pukulun amba sampun prapti | nagri Kartasura Adiningrat | ananging inggih yêktine | rakanta sang aprabu | ing watawis kawula gusti | kados sutaning Amral | kêdhik kikibipun | lawan jêng raka sang nata | abdi dalêm pun Natakusuma gusti | tan arsa umantuka ||

38. asuwita narpaning Kumpêni | sri narendra aputêk ing driya | Natakusuma karine | yèn tan wus nyata iku | kakang êmas ingkang ngrênggani | ing kadhaton Wanarja | môngsa nêdya kantun | iya Si Natakusuma | Arya Môndhalika umatur wotsari | punapa karsa nata ||

39. yèn paduka cumundhuk raka ji | lamun dèrèng kasoran ing yuda | gusti kalangkung nisthane | pan paduka pukulun | inggih sampun umadêg aji | sineba wong Mataram | tur sarya jêjuluk | Susuhunan ing Ngalaga | têka mangke anglungsur dadi wong cilik | kadipundi tyasira ||

40. duk miyarsa ature prajurit | pambangusing Arya Môndhalika | sang narpa madêg surane | myang prajurit nung-anung | samya kagyat iyêging jurit | lumakwèng [lu ...]

--- 16 ---

[... makwèng] adilaga | angrurah ing satru | kang sêdya doning Wanarja | wadya sabrang kang ambêk angrêrusuhi | sêdya angangkah ing rat ||

41. Môndhalika matur sarya nangis | gusti lamun kawula apêjah | dèn anggea bêbalunge | linuluh ing bumyèku | têtêngkêrên gusti rumiyin | karyanên mimis obat | bêdhilêna mungsuh | ing Walônda pêksa sura | sukur bage matia prang lan Kumpêni | asêdya sabilolah ||

42. amba gusti sampun amênangi | yèn Walônda lanang anèng Jawa | amba mirsa wirayate | winalik jagad rêtu | milanipun paduka gusti | mugi-mugi wontêna | pitulung Hyang Agung | lamun tuwan kalilana | madêg nata tan nganggo bala wong kapir | amba awèta gêsang ||

43. yèn tulusa yudane wong kapir | amba gusti anuntêna pêjah | anglampahi ayahane | kadya jinait wau | driyanira sri narapati | wus angundhangi wadya | pratiwa nung-anung | asaosa mapag yuda | tan winarna gêntia winuwus malih | Sang Aprabu Mangkurat ||

44. pan ing mangke sang nata tri sasi | dènnya ngêdhaton nèng Kartasura | samana dina Somane | siniwi ing wadya gung | pêpak andhèr para dipati | lan sagunging pratiwa | kang samya nung-anung | Rahadèn Anrangkusuma | mangênjali ing nata umatur aris | pukulun rinta nata ||

45. kang umadêg Prabu Ngalaga di | èstu datan arsa cumundhuka | inggih kenging pambanguse | wadya sura nung-anung | ari nata umadêg baris | nata mèsêm ngandika | adhuh arèningsun | anggugu aturing rucah | kang sayêkti baya karsaning [kar ...]

--- 17 ---

[... saning] Hyang Widi | mangsaning lali kadang ||

46. Nrangkusuma sun tindak pribadi | undhangana sagung wadyabala | miwah Si Amral Duwèl Brèh | kabèh pasisir iku | poma kabèh wêlêgên sapi | bêras lan brambang bawang | poma dèn atuwuk | sang nata jêngkar ngadhatyan | dyan warnanên sagunging para dipati | prasamya asiyaga ||

47. miwah sagung kang bala Kumpêni | wus siyaga para mayorira | miwah para kapitane | datan kawarnèng dalu | ya ta enjang anêmbang bèri | gumêrah ponang bala | baris ngalun-alun | gêgamane warna-warna | anglir surya sing udaya giri mijil | tinon mrabani jagad ||

48. sri narendra budhal amênuhi | lir jalanidhi tumraping dharat | wadyakuswa ambêlèbèr | myang wukir jugrug guntur | lan pamoring kang swandana ngrik | myang kriciking warastra | barungan gong tambur | môngka panganjuring lampah | Mangkuyuda pangirit lampah kang kering | wong ing Surônggakara ||

49. praptèng sagung wadya ingkang ngarsi | ginêlakan muntab ambêlabar | cucuke anèng Karècèk | sang nata praptèng Dlanggu | masanggrahan sri narapati | wadya kang munggèng ngarsa | nglarug mring Kalêpu | ing Pokak apan kèbêkan | wong Kumpêni tansah munggèng kanan kering- | ira sri naranata ||

50. sri narendra nèng Dlanggu sawêngi | enjang budhal sumahab kang bala | Mêlinjon pasanggrahane | dene wadya pangayun | wus angancik ing Lawang Taji | miwah ing Parambanan | kèbêkan wadya gung | kunêng wadya Kartasura | dyan wuwusên kang ngadhaton ing Matawis | Prabu Jingga nonoman [nonoma ...]

--- 18 ---

[... n] ||

3. Durma

1. kawarnaa wau Sang Prabu Ngalaga | enjing miyos tinangkil | andhèr kang punggawa | nung-anung munggèng ngarsa | Arya Môndhalika nênggih | Gajahpramada | Tumênggung Jagawèsthi ||

2. Arya Surajaya Arya Tambakbaya | praptèng ngarsa sang aji | Dêmang Klalêngseya | Ngabèi Panjêr ika | Jênar Bocor munggèng ngarsi | Rôndha Pitêrah | Nilasraba anangkil ||

3. Arya Môndhalika manêmbah aturnya | pukulun mêngsah prapti | pêksa angruraha | nagrinta Ngèksigônda | dèntên panganjuring jurit | ing Pêrambanan | pênuh wadya kang baris ||

4. Hèlduwèl Brèh nèng Malinjon pakuwonnya | tata gyan kanan kering | sira naradipa | sigra wau ngandika | hèh undhangana dèn aglis | wadya Mataram | sun arsa mapag jurit ||

5. Môndhalika apa gêlaring ayuda | aprang mungsuh Kumpêni | beda lan Madura | umatur Môndhalika | yèn karsa paduka aji | pinara tiga | amrih kiwuling jurit ||

6. jêng paduka gusti amangkua dhadha | kanan amba nindhihi | ing kering punika | inggih Gajahpramada | sigra bêndhe sri bupati | wadya kumêrap | gumêr gumuruh atri ||

7. pra pratiwa nung-anung samya siyaga | gya têngara ngajrihi | wadya ambalabar | gêgaman warna-warna | myang tunggul lêlayu adi | bandera abra | daludag myang kêkitir ||

8. dyan têngara sumahab budhal kang bala | anglir prawata gêni | môngka panganjur prang | Ki Arya Môndhalika | Gajahpramada nisihi | Surônggakara | karo prawirèng jurit ||

9. sri narendra wus têdhak nitih turôngga [tu ...]

--- 19 ---

[... rôngga] | aran pun Komasaris | abrit ulêsira | rinêngga busana bra | wadya kêparak marapit | wrêgul lan kangkam | munggèng ing kanan kering ||

10. sri narendra busananira bra muncar | baju baludru wilis | rinarêngga mubyar | sinuji têtirahnya | kancinge maniking warih | cindhe puspita | lancingan panji-panji ||

11. apaningsêt tasbe sêrate rinêngga | dhêsthar gonjong kinitir | mubyar atulya bra | muncar akêthap-kêthap | ujwalanya angênèni | asarawungan | lan pêkiking narpati ||

12. ing samadya pada tan ana kang padha | lir Hyang Asmarèng swargi | apan sri narendra | lagya yuswa tri dasa | nêdhêng mêmpêng ing kuwanin | sudirèng yuda | wau sri narapati ||

13. pan kinubêng wong magêrsari akapang | satus wong numbakputih | eca lan ajêrak | abajo têratean | gumêrgut tandanging dasih | pangulunira | malayoni sang aji ||

14. adhuh gusti kawula tumut ayuda | sang nata ngandika ris | hèh pangulu aja | karia têngga pura | ing besuk sun ngantêp jurit | sira milua | ing alun-alun benjing ||

15. tan kawarna lampahira sri narendra | prapta ing kali Taji | wadya Kartasura | kang anèng Parambanan | dènira umangkat enjing | cucuking yuda | kapranggul kali Bêning ||

16. wong Ngalagan lir danawa amamôngsa | mulat ing mungsuh prapti | samya ngangah-angah | sigra dènnya narajang | wong Kartasura nadhahi | têmpuh ing yuda | ramya bêdhil-binêdhil ||

17. Arya Môndhalika tur uning saksana | mring jêng sri narapati | yèn wadya pangarsa | wus campuh

--- 20 ---

ing ayuda | ngandika wau narpati | hèh adhi êmas | Arya Panular aglis ||

18. ênggonana adhi upacaraningwang | sira sun gawe wakil | nganggo têngêr ingwang | sun adhi marang ngarsa | amomor arsa udani | tandanging mêngsah | sang nata gya lumaris ||

19. sampun prapta samadyaning pabarisan | wadya samya udani | yèn sri naradipa | prapta tan mawi bala | tumanduk manêmpuh wèsthi | wadyèng Ngalagan | mamrêp ngamuk mangungkih ||

20. tinadhahan ing bêdhil ganjur lan watang | ya ta wadya Matawis | manusup mangrêmpak | gègèr wong Kartasura | giris prasamya angisis | dhadhal lorodan | kambu dhatêng ing Taji ||

21. wong Ngalagan anglud marang Parambanan | lajêng amrêp ing Taji | samya tinadhahan | Tumênggung Mangkuyuda | apan arsa angawaki | lan Natayuda | karo miyosi jurit ||

22. dyan umangsah Natayuda saha bala | Mangkuyuda tan kari | wong Mataram prapta | nung-anung samya mangsah | supênuh barisirèki | wong Kartasura | Mangkuyuda nindhihi ||

23. pra prawira Ngalagan mangamuk rampak | manuduk angakahi | tan wruh patining lyan | andulu mungsuhira | kadya dulu rara sunthi | pinaripurnan | umyat warastra lungit ||

24. Arya Môndhalika dulu mungsuhira | sigra ngêtap turanggi | wus atilar bala | mring ngarsa sumbar-sumbar | pantèn mundura dèn aglis | saparanira | mêksih anom bêk pati ||

25. anauri Ki Tumênggung Mangkuyuda | rêbutên ing ajurit | ingsun Mangkuyuda | gumuyu Môndhalika | hèh babo raganirèki | sasêngkan anyar | anak [ana ...]

--- 21 ---

[... k] wong dhudhuk gangsir ||

26. ingsun eman lah pantèn age mundura | Mangkuyuda abêngis | sigra dènnya numbak | marang Ki Môndhalika | tumèmbêl baune kêni | Ki Môndhalika | gumuyu sarwi anglang ||[5]

27. rare Kêdhu sira iku liwat pugal | sun walês mangko mati | pantèn lumayua | Si Amral konên mara | Mangkuyuda nolih wuri | wadya agêmpang | sigra ngingê turanggi ||

28. wus sinabêt turôngga nututi bala | dyan ingêlut tumuli | dening wong Ngalagan | datan môngga puliha | kèndêl tangkisan kang baris | wadyèng Ngalagan | mandhêg wetaning Taji ||

29. Ki Tumênggung Mangkuyuda tur uninga | dhatêng sri narapati | Prabu Amangkurat | yèn wong Mataram prapta | prasamya angungkih pati | angangah-angah | tan myat warastra lungit ||

30. sri narendra siniwi nèng pasanggrahan | andhèr kang pra dipati | lan wadyanya Amral | pra upsir nèng ngayunan | sang nata ngandika aris | dene adhi mas | tuhu lali mring kami ||

31. Arya Sindurêja umatur manêmbah | dhuh gusti winatawis | kêclaping wadana | duk prang pun Mangkuyuda | ingkang anindhihi jurit | satriya pelag | mênawi rinta aji ||

32. kang sun têdha si adhi mugi elinga | besuk têngahing jurit | kabèh wadyaningwang | yèn adhi mas katingal | padha piyaka dèn aglis | aja na lawan | poma marang si adhi ||

33. ana ngêndi ing mêngko baris Ngalagan | Nrangkusuma wotsari | ing Kêmalon gènnya | dhêndhêng akapang-kapang | anêba sagunging baris | pating galidrah | pratiwa ing Matawis ||

34. tan kawarna [kawar ...]

--- 22 ---

[... na] sri narpa êmas pratiwa | ya ta warnanên enjing | Sang Prabu Ngalaga | ingaturan ing wadya | kondura marang Matawis | amunga wadya | ingkang baris nèng Taji ||

35. Arya Môndhalika matur saha nêmbah | kondura dhatêng puri | gusti kasukana | nadyan silih yudaa | munggèng ngalun-alun benjing | yèn wadya gêmpang | sakarsa ngantêp jurit ||

36. angandika Sri Narapati Ngalaga | ingsun arsa udani | solah-tingkahira | anging sun nglugas raga | angampingi mring si adhi | Arya Panular | iku sun gawe wakil ||

37. ri saksana kasaru gègèr ing ngarsa | yèn mungsuh agêng prapti | wadya Kartasura | lawan bala Walônda | saksana wadya Matawis | baris Ngalagan | tan nêdya nolih wuri ||

4. Pangkur

1. wadya gêng ing Mangkuratan | ambalabar wadya kang mangsah jurit | wadya Kumpêni lir mêndhung | miwah môncanagara | pangawate kanan kering Sindurjèku | kering Dipati Ngurawan | kyana patih anèng wuri ||

2. têngara bèri gumêrah | myang kêndhang gong bèri tinitir-titir | gumuruh swaraning tambur | sarunine barungan | wong pasisir ngungkung Kodhokngorèkipun | gêgaman abra asinang | yèn tinon lir gunung gêni ||

3. ya ta Sang Prabu Mangkurat | wus angrasuk busana cara Wlandi | akêkaos asêpatu | rasukan lapis tiga | bêlah jaja baludru rinenda murub | mojah sinuji toya mas | kinatimang êmas kitir ||

4. abêbadhong sungsun tiga | têtirahe sinawur ing rêtna di | ujwalanya lir andaru | arja akuluk jangkang | tinatrapan ing mas jingga akarêpus |

--- 23 ---

yèn tinon saking mandrawa | kadya gurnadur ngajawi ||

5. anyuriga pêdhang usar | anggarnya bra binarongsong mas adi | têbah jaja tali rukuk | rinante ing mas jingga | sinêlanan kumala abra amurub | sang prabu lênggah ing dhampar | kucêm sagunging bupati ||

6. kasor kênyaring busana | angênguwung barung ujwalèng aji | sri narendra ngandika sru | lah payo kêbutêna | kayaparan wartane wadya pangayun | Arya Sindurja tur sêmbah | abdi dalêm kang pangarsi ||

7. sampun campuh ing ayuda | wau gusti mêksih bêdhil-binêdhil | mundhut turôngga sang prabu | sumaos ing ngayunan | kêkambile cinara Walônda murub | canela bra bludru rêtna | rinumpaka ing kêkitir ||

8. sang nata nitih turôngga | budhal saking pasanggrahan narpati | swaraning bala gumuruh | lir ombaking sagara | cucuking prang acampuh buru-binuru | prangipun wadya Ngalagan | lir danawa olih daging ||

9. wadya Bagêlèn wus adat | datan arsa lamun dinèkèk wuri | yèn uga bêcik kang ngadu | alah Bugis Makasar | bala Jawa wong Bagêlèn wong ing Kêdhu | yèn bêcik têtindhihira | wani gêlut lan Kumpêni ||

10. Tumênggung Gajahpramada | wus angiwa sabalane dèn irid | ing Karapyak kang dinunung | anjog ing Ngantên ika | Arya Môndhalika ngirid barisipun | anurut gunung mangetan | Pamutihan kang dèn jogi ||

11. dene kang munggèng ing dhadha | Pangran Arya Panular kang nindhihi | wong Bagêlèn kang pinangku | Ki Arya Tambakbaya | Arya Surajaya kang minôngka ngayun | sêsabêting bêbarisan [bê ...]

--- 24 ---

[... barisan] | Pangran Panular têtindhih ||

12. rame dènira ayuda | wong Ngalagan mamrêp ngamuk mangungkih | Arya Surajaya nêmpuh | lan Arya Tambakbaya | pan gumuruh wong Bagêlèn surakipun | akuwêl ulêng-ulêngan | wong Ngalagan ambêk pati ||

13. kang Sinuhun ing Ngalaga | amiranti munggèng wurining baris | ya ta wau kang atarung | pêngkuh wong Kartasura | wong Ngalagan pangamuke saya wuru | kang tinêmpuh ingamukan | tan wontên kang anadhahi ||

14. mawur wadya Kartasura | pan malêdug ngisis marang ing wuri | Arya Môndhalika nêmpuh | saking kidul gumêrah | Ki Tumênggung Jangrana ingkang tinuduh | tinadhahan Môndhalika | lawan Arya Sindurjèki ||

15. arame dènira yuda | Arya Môndhalika wus ambêk pati | ngamuk lan sabalanipun | gumuruh swaranira | Ki Tumênggung Gajahpramada tinêmpuh | saking kilèn sabalanya | Ki Urawan anadhahi ||

16. wau Ki Dipati Dêmak | Ki Tumênggung Suranata tinuding | têtulung Urawan gupuh | angiwa sabalanya | wong Ngalagan katanggul pangamukipun | Tumênggung Gajahpramada | Suranata anadhahi ||

17. arame prang long-linongan | Ki Tumênggung Gajahpramada nênggih | akuwat pangamukipun | agolong pangamuknya | pra santana sadaya sarêng angamuk | Ki Tumênggung Suranata | wadyanira akèh mati ||

18. ing wuri kathah kang prapta | angêbyuki wau wadya Matawis | ingamuk saya kèh rawuh | wong Kudus lan Japara | wong ing Pathi Rêmbang Lasêm atêtulung | prangira Gajahpramada | ingurugan ing pêpati [pêpa ...]

--- 25 ---

[... ti] ||

19. Tumênggung Gajahpramada | karepotan wadya akèh kang mati | wantu karoban wadya gung | sayah pangamukira | ki tumênggung binendrong lêmbing lan busur | apan wus karsaning Sukma | ki tumênggung nandhang kanin ||

20. binêdhil ing kalataka | wêntisira ki tumênggung kang kêni | wus atiba sarwi lungguh | sira Gajahpramada | apan wontên santanane ki tumênggung | anama Ki Rônggajaya | ingkang paman dèn tangisi ||

21. awatara kalih dasa | santanane kang datan kêna têbih | Ki Rônggajaya umatur | paman dika nitiha | pan kawula sabêt lumayu karuhun | ki tumênggung datan arsa | kêdah pêjah ing ajurit ||

22. nguculi bêbêntingira | ki tumênggung cindhe puspita wilis | binlêbêtakên ing tatu | alon dènira mojar | Rônggajaya kulup ingsun pamit lampus | aturêna sêmbah ingwang | marang gusti sri bupati ||

23. anangis dalêming driya | ki tumênggung alon dêlingnya manis | sun têtêdha ing Hyang Agung | gustiku Natèng Nglaga | muga-muga iya antuka pitulung | lananga dènira aprang | tulusa madêg narpati ||

24. gusti kang abdi mit pêjah | bêbantêne gusti nagri Matawis | pan kawula sampun sêpuh | tuwuk ingkang kêkucah | swarga ingkang rama paduka sang prabu | mangke amba mong paduka | tan kongsi mênangi lami ||

25. santana nangis sadaya | ki tumênggung wau dèn gêgendholi | samya ingajak lumayu | pra wadya têlas pêjah | Ki Tumênggung Gajahpramada amuwus | lah sira padha muliha | apan ingsun wus pinêsthi ||

26. mungsuh prapta kering kanan | binêdhilan [binêdhi ...]

--- 26 ---

[... lan] ki tumênggung tan gingsir | lagya angambêni tatu | sigra nitih turôngga | ngêmbat watang cinamêthi kudanipun | Tumênggung Gajahpramada | mangsah kiwul ing ajurit ||

27. kadya danawa mamôngsa | ki tumênggung pamukira mangungkih | singa kang katrajang gêmpur | tinadhahan sanjata | kanan kering binedrongan ki tumênggung | sinosogan ing sanjata | sinawuran busur lêmbing ||

28. wong siji pira kuwatnya | ki tumênggung nadyan balunga wêsi | sungsuma gêgala putung | akulita têmbaga | datan wande bêbalunge rêmak rêmpu | Tumênggung Gajahpramda | apan sampun angêmasi ||

29. santana kathah kang bela | sakarine lumayu mring Matawis | dhadhal barisira rampung | kambu marang ing dhadha | sira Arya Môndhalika maksih tarung | arame bêdhag-binêdhag | mungsuh ngurugi pêpati ||

30. wau Ki Tumênggung Dêmak | wus amingêr barise anèng wingking | maring kanan atêtulung | miwah wadya Japara | wong ing Lasêm Juwana sami têtulung | marang pabarisan kanan | gumrah suraking ajurit ||

31. Ki Dipati Cakraningrat | pan tinuduh samya têtulung jurit | nadhahi pangamukipun | Ki Arya Môndhalika | dèn urugi pêpati maksih akiwul | wadyanya Ki Môndhalika | dhomas tan mundur ing wèsthi ||

5. Durma

1. ramening prang ngalahkên duk Trunajayan | wong Mataram prang lali | Arya Môndhalika | rêmpêg pangamukira | tan wontên purun nadhahi | gêmpung suh sirna | wong Ngalagan lir bêlis ||

2. Arya Môndhalika asru asêsumbar | rêbutên ing ajurit | iki Môndhalika |

--- 27 ---

gul-aguling Mataram | ingkang momong sri bupati | Prabu Ngalaga | hèh payo wong pasisir ||

3. baya uwis ungsum iwak dhorang mijah | kêrapa mring Matawis | hèh sêsêngkan anyar | kêmaruk karêpira | wijile wong bêdhog pitik | wiji wong kompra | mêngko dadi bupati ||

4. Suranata sira iku liwat ala | sira wus dèn bêciki | marang gustinira | Susunan ing Ngalaga | têka sira anglabuhi | Si Dêmak edan | ngèngèr ratu Kumpêni ||

5. ya ta kurda Ki Tumênggung Suranata | ngêmbat watang kumitir | mangsah saha bala | Ki Arya Môndhalika | tan gumingsir anadhahi | campuhing yuda | apanggih padha wani ||

6. wadya Dêmak lir andaka katriwandhan | sagung wadya pasisir | samya ngangah-angah | dènnya mêntas mênang prang | matèni prajurit luwih | Gajahpramada | pramila bèr kuwanin ||

7. Môndhalika matêng pangolahing bala | tarunge golong pipit | sinosog tan kêna | balane Môndhalika | yèn anabêt bêbayani | ramening yuda | samya awuru gêtih ||

8. pan kasaput ing dalu dènira yuda | mundur makuwon malih | Arya Môndhalika | langkung ngungun miyarsa | yèn Gajahpramada mati | katur sang nata | langkung tikbra sang aji ||

9. kawarnaa wau Sang Prabu Mangkurat | tangkisan dènnya baris | balabar kang bala | pirang pandêlêng sinang | miwah kang wadya Kumpêni | tan kêna têbah | lan pagubahan aji ||

10. pra dipati sadaya samya ngandikan | pra nayaka anuli | praptèng ngarsa nata | sagunging pra dipatya | Anrangkusuma wotsari | matur [ma ...]

--- 28 ---

[... tur] sang nata | yèn abdi kèh ngêmasi ||

11. ing ayuda tungguling wadya paduka | kaamuk wong Matawis | kalangkung sudira | yudane wong Ngalagan | sang nata ngandika aris | adhuh adhimas | wignya ngadu wong cilik ||

12. yèn mangkono ing tarunge wong Mataram | duk prang Madura dhingin | pasthi nora bêdhah | dening wadya Madura | lan Makasar apa dening | môngsa bangkata | ambêdhah ing Matawis ||

13. kawarnaa ingkang gêgubah tangkisan | gantya wuwusên malih | Sang Prabu Ngalaga | kang ana ing Prambanan | ginubêl kang para mantri | samya ngaturan | kondura marang puri ||

14. Arya Môndhalika wau aturira | dhuh gustiku sang aji | suwawi kondura | nadyan ngantêpa yuda | anèng alun-alun benjing | sri naranata | nurut aturing dasih ||

15. nulya budhal sang nata saha balanya | ingkang tinilar baris | anèng Parambanan | Rôngga Wiradipura | kêkalih kancane mantri | lan Pulangjiwa | dadya kawaling baris ||

16. sri narendra praptèng salêbêting kitha | ing alun-alun baris | Arya Môndhalika | têtindhihing ayuda | Jêng Pangran Panular tuwin | kang paman Pangran | Pamênang bèr kuwanin ||

17. dene ingkang pêputra Pangran Pamênang | Pangran Silarong swargi | dadya prênah paman | lan Susunan Ngalaga | sigêgên kang nata baris | kang kawarnaa | Prabu Mangkurat nênggih ||

18. enjing budhal saking pasanggrahanira | wau sri narapati | panganjuring lampah | pan sampun giniliran | Jangrana ing Surawèsthi | Surônggakara | lan sagung wong pasisir ||

--- 29 ---

19. ingkang baris Parambanan katarajang | mawur ing kali Bêning | datan wontên lawan | lajêng lampahing bala | wus prapta ing kali Ajir | sri naranata | lawan bala Kumpêni ||

20. Pajarakan sadalu dènnya gêgubah | enjing budhalan malih | tinata lampahnya | dene wus parêk mêngsah | panganjurira wus prapti | kikis nagara | ajêng-ajêngan jurit ||

21. wong Ngalagan barise muntab balabar | anèng rana mêdali | ngalun-alun aglar | sêdya ngantêp ing yuda | sagunging wadya pasisir | akapang-kapang | karana dènnya baris ||

22. pan angantos timbalane sri narendra | sagung para dipati | ya ta sri narendra | sampun ngaturan wikan | yèn ingkang rayi narpati | mêmpên nèng kitha | ngalun-alun miranti ||

23. Sang Aprabu Mangkurat anata bala | pangawat kanan kering | ingkang munggèng dhadha | sampun samya siyaga | sagunging para bupati | nêmbang têngara | tambur kêndhang gong bèri ||

24. awurahan pra dipati nata bala | wuwusên sri bupati | Prabu ing Ngalaga | prasamya nata bala | sagung têngaraning jurit | tunggul bandera | layu daludag sami ||

25. kang anyêkêl sadaya wus sinalinan | milihi para mantri | kang sruwa prakosa | kinèn nyêkêl bandera | tuwin kagungan narpati | gula kêlapa | bupati kang nyêkêli ||

26. pan wus tata kang wadya nêmbang têngara | mangkya Ki Gunturgêni | pan sampun ngisenan | miwah Kyai Subrastha | Kyai Pamêcut pan ugi | samya ngisenan | bupati kang jagani ||

27. ki pangulu ngumpul lawan kêtibira | modin ngadhêp narpati | sêdya ngantêp yuda | amati [ama ...]

--- 30 ---

[... ti] sabilollah | sigra têngara gong bèri | Prabu Ngalaga | kêndhang bêndhe tinitir ||

28. Kodhokngorèk monggang tinêmbang angangkang | apan anèng sitinggil | ya ta kawarnaa | wadya gêng Kartasura | kang umangsah munggèng kering | miwah ing kanan | dhadha sarêng ngêbyuki ||

29. wong Ngalagan ingkang baris anèng pasar | punika kang nadhahi | Arya Môndhalika | rame dènira yuda | pangamuke wadyanèki | Ki Môndhalika | lir danawa lèh daging ||

30. wadya Kartasura saya kèh kang prapta | miwah wadya pasisir | gumêrah swaranya | Kiyai Tambakbaya | lan Arya Surajayèki | sarêng umangsah | lan sagung para mantri ||

31. swaraning kang sanjata lir gunung bêntar | sigra wadya Matawis | piyak kering kanan | pan sampun sinasmitan | yèn Kiyai Gunturgêni | Kyai Subrastha | Pamêcut dèn sulêdi ||

32. anglir gêlap sèwu muni ngawang-awang | tumpês kang kapalipis | pan kagum sadaya | wadya ing Kartasura | akèh ingkang angêmasi | sri naranata | Prabu Mangkurat aglis ||

33. ngatag sagung Kumpêni kinèn umangsah | Amral wus angabani | gumrudug swaranya | tambur barung sanjata | kadi amêcahna kuping | datanpa rungyan | langkung guguping baris ||

34. sinipat ing mariyêm wong Kartasura | gusis ing kanan kering | kang katrajang gêmpang | datan môngga puliha | miwah kang bala Kumpêni | kathah kang pêjah | kêkês uwong pasisir ||

35. Sang Aprabu Mangkurat nindhihi bala | bêndhe tinitir-titir | apan Kyai Bicak | wau kang dipun asta | angungkung muni nèng langit [langi ...]

--- 31 ---

[... t] | kang pra dipatya | pasisir wani malih ||

36. sigra mangsah wong pasisir awurahkan |[6] pra dipati ngawaki | sumahab kang bala | datan ngucap ajriha | dene wau sri bupati | Prabu Mangkurat | anindhihi ngajurit ||

37. wong Ngalagan anglir danawa mamôngsa | pan samya ambêk pati | saking kèhing bala | lir udan tibèng rawan | singa kang tinrajang ngisis | ingkang tinilar | wurahan tangkêb malih ||

38. ramening prang kunarpa sungsun atumpang | prasamya wuru gêtih | wadya ing Ngalagan | liwung pangamukira | saparane dèn tadhahi | saya kèh pêjah | wantu wonge sakêdhik ||

39. Arya Môndhalika amangsah manêngah | pangulu lawan modin | kêtib rowangira | binendrong binêdhilan | wong Kumpêni angêdrèli | kathah kang pêjah | wau wadya Matawis ||

40. Arya Môndhalika kalangkung sudira | pra dipati ngêbyuki | sinosog gudebag | sinawur lêmbing srampang | anging tan wontên nêdhasi | mring Môndhalika | langkung têguhirèki ||

41. sakathahe ing braja datan tumama | mêksa dipun bêdhili | Arya Môndhalika | nadyan langkung kuwatnya | pan wus karsaning Hyang Widi | Ki Môndhalika | pan sampun angêmasi ||

42. datan pasah kulite Ki Môndhalika | rêmuk bêbalungnèki | ngalumpruk wangkenya | kinarubut ing kathah | ya ta wau sri bupati | ngaturan wikan | yèn Môndhalika mati ||

43. ya ta kurda Sri Narapati Ngalaga | pasuryanira andik | sêmutên kang jaja | sumung-sumung mukanya | atêdhak arsa ngawaki | wadyèng Ngalagan | sakarine [sakari ...]

--- 32 ---

[... ne] kang mati ||

44. pan sadaya garêbêg sri naranata | ya ta sang nata aglis | nyandhak pêngawinan | Kyai Palèrèt ika | ingêmbat-êmbat kumitir | lir panjyatmaja | duk arsa aprang tandhing ||

45. dyan umangsah sumahab sabalanira | Arya Surajayèki | Arya Tambakbaya | Kalêngbocor lumajar | lan sagunging para mantri | sarêng umangsah | kotbuta tandangnèki ||

46. ngiwat-ngiwut pangamuke wong Ngalagan | gustine anindhihi | sagung pra dipatya | wong Mangkuratan mangsah | anadhahi wong Matawis | gumêr swaranya | angamuk golong pipit ||

47. singa ingkang tinarajang tumpês tatas | sagung para dipati | awas dènnya mulat | yèn Prabu ing Ngalaga | ingkang ngawaki pribadi | samya lumajar | ngungsi wurining gusti ||

48. Arya Sindurêja umatur manêmbah | gusti arinta aji | angawaki yuda | langkung dening sudira | abdi dalêm pra dipati | samya lumajar | kagyat sri narapati ||

49. angandika Sang Aprabu Amangkurat | bocah piyaka aglis | hèh Amral dèn enggal | anaa wuriningwang | manawa prapta si adhi | Urawan sigra | nêmbah umatur aris ||

50. adhuh gusti paduka cucul rasukan | manawi rinta aji | pandung mring paduka | gusti dados punapa | wau kawula udani | rayi paduka | Kyai Plèrèt pinandhi ||

51. sri narendra mèsêm Urawan ginêga | sigra cucul kulambi | sang nata angliga | karêpus wus binucal | ya ta wau ingkang rayi | Prabu Ngalaga | angamuk marêpêki ||

52. kagyat mulat wau mring kang songsong jênar | duk wus pêrak [pê ...]

--- 33 ---

[... rak] kang rayi | pan ingulap-ulap | èstu yèn ingkang raka | sigra dènira wotsari | sing luhur kuda | sarwi ngingêr turanggi ||

53. cinamêthi turôngga nandêr anyongklang | saha balanirèki | dhadhal barisira | jêngkar Prabu Ngalaga | saking kitha ing Matawis | sawadyanira | kadya dhandhang sarawi ||

6. Dhandhanggula

1. mring Bagêlèn lorode sang aji | rangu-rangu lampahirèng marga | kang kacipta jro driyane | kang raka sang aprabu | langkung ngungun wau narpati | osiking tyas mangkana | wau sang aprabu | kayaparan polah ingwang | lamun ingsun sebaa mring kakang aji | isin mring wong tampingan ||

2. yèn tulusa mêmungsuhan mami | pasthi ingsun manggunga kasoran | kakang mas akèh balane | ewuhe atèn ingsun | kayaparan lêlakon iki | dadya putêk ing driya | wau sang aprabu | nèng paglaran pirêmbagan | lan kang paman apadene ingkang rayi | Pangran Arya Panular ||

3. lawan bala sakarining pati | pra prawira pan maksih tut wuntak |[7] andhèr seba ing gustine | ngandika sang aprabu | kayaparan tingkah puniki | Pangeran ing Pamênang | alon aturipun | anak prabu yèn sêmbada | ing Salinga wontên wong umadêg baris | dibya guna prawira ||

4. yèn sêmbada paduka panggihi | amundhuta karyane sapisan | lan dèn êbang sapatute | yèn angêntasi kewuh | sanggup milya karya narpati | ya ta sagung prawira | iyêg aturipun | mring Sang Pangeran Pamênang | yèn suwawi ngayonan rakanta aji | inggih sapisan êngkas ||

5. budhal saking Bagêlèn sang aji |

--- 34 ---

wadyabala umiring sadaya | maring Salinga jujuge | sinigêg kang lumaku | wontên ingkang winuwus malih | gêmpalaning carita | nênggih Raja Namrud | kang umadêg ing Salinga | wong têngahan lêlêdhok samya angabdi | ingakên raja-raja ||

6. Raja Namrud pan miyarsa warti | lamun nata kasoran ing yuda | badhe ngungsi ing dhèwèke | amêpak balanipun | kang têngêran bul-umbul waring | kathahe winatara | kang suyud mring Namrud | gêgaman rongèwu ana | arsa mêthuk mring Prabu Ngalaga nênggih | warnanên kang lumampah ||

7. sampun prapta ing ngarsa sang aji | Raja Namrud amêthuk sang nata | kapanggih ngabyantarane | uluk salam sang prabu | Raja Namrud angrangkul gipih | dhuh sutane pun bapa | babo wong abagus | wong bagus bancèr jêlarat | mung sawiji cacade kalah ajurit | dhuh nyawa eman-eman ||

8. angungsia pun bapa rumiyin | enggal bae mênange kang yuda | mung kari mangkruk-mangkruke | bari dolanan cênguk | yèn ta ingsun tulunga jurit | yèn ingsun amungsuha | lan Walônda iku | sun êmpok bae pan minggat | ya ta nuli atata sami alinggih | anèng kadhatonira ||

9. tan winarna kang ngadhaton Mêsir | kawarnaa Sang Prabu Mangkurat | kang abaris kutha Plèrèt | kang agung apirangu | tikbra maring ari narpati | sampun amatah bala | kinèn ngungsir wau | mring Sinuhun ing Ngalaga | angawasna lorode sri narapati | kang tinuduh gya bubar ||

10. nênggih ingkang kinèn anindhihi | sira Tumênggung Wirawidigda | Mangkuyuda myang arine | watara tigang [ti ...]

--- 35 ---

[... gang] èwu | apan sarwi angrèh wong cilik | anrêpakên arahan | kang sami anungkul | abaris anèng Parapag | apan bumi Bagêlèn kang dèn tuguri | wuwusên sri narendra ||

11. sampun budhal saking ing Matawis | lampahira tan kawarnèng marga | wus prapta Kartasurane | sang nata gya ngadhatun | apan tansah rêncakèng galih | mangkana osiking tyas | adhuh ariningsun | Adipati Kapugêran | lali têmên si adhi marang ing kami | yèn mêksih mangkenea ||

12. pasthi awèt rusake kang bumi | yèn adhi mas awèta suwala | tan eca jênênging rajèng | ya ta carakanipun | ingkang tugur Parapag prapti | tur uningèng narendra | yèn arinta prabu | Natèng Ngalaga kantênan | nèng Sêlinga ênggène umadêg baris | Namrud bêbotohira ||

13. tan winarna wau sri bupati | Kartasura gênti kawuwusa | ingkang wontên Salingane | Sang Prabu Ngalagèku | Raja Namrud ingkang nanggupi | ambêdhah Kartasura | ing samangsanipun | marmanya ingêla-êla | Raja Namrud pinaringan èstri luwih | santana naking-sanak ||

14. pan ingajak umagut ing jurit | Raja Namrud tansah nônggakrama | nora ana wêkasane | dadya kagol tyasipun | Natèng Laga dèn sêmayani | anging Pangran Pamênang | sangêt aturipun | hèh nak prabu dipun sabar | sabudine tinurut Namrud puniki | malar dadia rowang ||

15. Natèng Laga wus uwas kang galih | sigra budhal saha balanira | marang Bagêlèn jujuge | sang nata akêkuwu [akê ...]

--- 36 ---

[... kuwu] | apan sampun anata baris | Ki Arya Tambakbaya | kang kinarya wau | senapatining ayuda | lan kang rayi Ki Arya Surajayèki | lawan Surônggakara ||

16. wong Bagêlèn kathah ingkang prapdi |[8] samya bêkta sagêgamanira | sampun dadi ing barise | sigra budhal sang prabu | kang bêbaris Prapag ginitik | marang Ki Tambakbaya | lan Surajayèku | wong Kartasura uninga | yèn dèn langgar wus campuh rame kang jurit | wong Kartasura wikan ||

17. yèn Jêng Sunan Ngalaga nindhihi | pan malêdug bala Kartasura | lumayu rêbut uripe | wadya Bagêlèn anglud | saparane maksih dèn ungsir | wus prapta ing Mataram | maksih dèn bêbujung | gêgaman ing Kartasura | anèng Pokak dènira atata baris | ya ta Sang Natèng Laga ||

18. anèng Mataram samadya sasi | wong Mataram akathah kang prapta | tinarik sadêdamêle | Pangran Panular wau | pan kinarya têtindhih malih | tan kantun lan kang raka | saparannya tumut | nanging Pangeran Pamênang | maksih kantun anèng Salinga bêbaris | milya Namrud sarèhnya ||

19. apan arsa jinunjung narpati | marang Namrud Pangeran Pamênang | mila nut sabarang rèhe | warnanên Sang Aprabu | ing Ngalaga budhal tumuli | saking nagri Mataram | pan arsa umagut | dhumatêng ing Kartasura | baris agêng mangke panganjuring jurit | Ki Arya Surajaya ||

20. lan kang raka Ki Tambakbayèki | wus ginitik kang baris nèng Pokak | dhadhal sumyur tanpa rèrèh | wadya Ngalagan anglut | dèn bêbujung Drêsanan prapti | angungsi [angung ...]

--- 37 ---

[... si] saparannya | prapta ing Dêlanggu | ingusir malah lumajar | praptèng Sanggung sampun malêbêt nagari | dêdamêl Kartasura ||

21. Natèng Laga lan sagunging baris | pan angêpung nagri Kartasura | wong desa wus anut kabèh | samya prapta anyuguh | apan lajêng tumut abaris | angêpung Kartasura | gantya kang winuwus | Sang Aprabu Amangkurat | ing nalika samana miyos tinangkil | andhèr kang wadyakuswa ||

22. pra dipati nung-anung nèng ngarsi | para upsir munggèng keringira | miwah Amral Hèlduwèl Brèh | Radèn Nrangkusumèku | munggèng ngabyantara narpati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | umatur ulun patikbra | rinta nata Prabu Ngalaga di murti | ngrabasèng ngêpung kitha ||

23. wontên Sanggung pakuwon rinta ji | panganjuring yuda wus anglanjak | sabèng piji wong Bagêlèn | samya sura nung-anung | rinta Pangran Panular nênggih | têtindhihing ayuda | ngandika sang prabu | payo kabèh undhangana | apan ingsun arsa nindaki pribadi | magut ing yayi êmas ||

24. sigra nêmbang têngara sang aji | bêndhe tinitir munya angangkang | gong bèri umyung swarane | ponang tambur dhêrudhut | asanega kang pra dipati | miwah mayor kapitan | sanega ngranèku | sang nata ngrasuk busana | wus samêkta sagung ingkang pra dipati | kondur anata bala ||

7. Durma

1. sigra budhal swaraning bala gumêrah | anglir robing jaladri | abra busananya | anglir prawata kobar | anggamêng wadya Kumpêni | alêlumbungan | tinundha wadya Bugis ||

2. pra dipati pasisir samya tumingal | lawan [lawa ...]

--- 38 ---

[... n] môncanagari | wadya Kartasura | rumêksa wuri nata | lampahira sri bupati | ing Jabung prapta | ayun-ayunan jurit ||

3. sigra mangsah wadyabala ing Ngalagan | angamuk golong pipit | anglir singa kurda | lir banthèng tawan brana | ngamuk mangrêmpak mangungkih | pan tinadhahan | mring wadya Kartawani ||

4. campuhing prang sadaya sami sudira | wong Ngalagan mangungkih | apan tinadhahan | ing gurnat lan gurnada | masbun tuwin gutuk api | lir pendah gêlap | swaraning gurnat muni ||

5. pan binendrong wong Ngalagan ing sanjata | pêtêng drèling Kumpêni | swaraning sunapan | anglir glagah kobaran | pêtêng dening kukus bêdhil | wadya Ngalagan | maksih sudirèng wèsthi ||

6. wong pasisir angêbyuki kering kanan | wong Bagêlèn nadhahi | bubar ing payudan | dening wadya Ngalagan | agungsi baris Kumpêni | sri naranata | arsa ngawaki jurit ||

7. wus tinabuh Ki Bicak munya angangkang | sigra mangsah sang aji | saha balakuswa | gêlare prit anêba | ing dhadha wadya Kumpêni | ing kering kanan | sagung wadya pasisir ||

8. ramening prang wong Kartasura tumpêsan | Natèng Ngalaga nênggih | kèngsêr yudanira | dening karoban mêngsah | sasat karubuhan wukir | wadya Ngalagan | rêmpêk undurirèki ||

9. pan kasaput ing dalu kala samana | prasamya sayahnèki | musnèng pabaratan | pan mundur sowang-sowang | Sang Prabu Mangkurat nênggih | kondur ngadhatyan | saha wadya gung alit ||

10. Natèng Laga makuwon nèng Kuwêl ika | pan samya pacak baris | wadya ing Ngalagan [Nga ...]

--- 39 ---

[... lagan] | nèng Kuwêl ngatya-atya | ya ta wuwusên Sang Aji | Prabu Mangkurat | Urawan dèn timbali ||

11. praptèng ngarsa sri naranata ngandika | hèh Urawan dèn aglis | sira ingsun duta | angipuka adhi mas | anggawaa batur siji | sira blojoda | Urawan awotsari ||

12. mundur saking ngarsane sri naranata | wus praptèng wisma aglis | Dipati Urawan | sampun ngangge momohan | kang kulambi cara santri | laju lampahnya | ing Koripan wus prapti ||

13. pan gumêrah swaraning bala barisan | awayah sirêp janmi | Dipati Urawan | pitêkur pinggir jurang | apan angêntosi enjing | arsa tumama | ing dalu pan kuwatir ||

14. Ki Urawan yèn ngantia siyang pisan | saklangkung dènnya watir | bok wontên uninga | marang ki adipatya | manawa winastan têlik | kandhêg ing jaba | pasthi yèn dèn patèni ||

15. bokmanawa nora kongsi asêsambat | jangji katur ing gusti | Jêng Sunan Ngalaga | dadya Kyai Urawan | sawêngi amêrêm mêlik | nèng pinggir jurang | wayahe bangun enjing ||

16. Ki Urawan marêpêki anèng jaba | momor lawan pêngarit | katuju samana | gamêl dalêm amêdal | Ki Urawan dèn takoni | sira wong apa | Ki Urawan nauri ||

17. ingsun niki gamêle Ki Tambakbaya | mêntas dipun gêbugi | ingsun purik iya | arêp milu mring sira | yèn ingsun ana ing jawi | pasthi kacandhak | satêmah lara malih ||

18. gamêl dalêm miyarsa angrês manahnya | pan wus tumut tumuli | kinèn nyangking dhêdhak | wus praptèng pasanggrahan | warnanên sri

--- 40 ---

narapati | nèng pasanggrahan | têdhak mriksa turanggi ||

19. Ki Urawan kumêpyur dulu sang nata | sigra amarêpêki | praptèng ngarsa nata | manêmbah ing suku sang | pan sarwi lara anangis | dhuh gustiningwang | kang abdi lir wong ngimpi ||

20. ya ta kagyat wau Sang Natèng Ngalaga | dinulu yèn Ki Sêndhi | Sang Natèng Ngalaga | alon dènnya ngandika | hèh bagea sira Sêndhi | apa karanya | sira seba mring kami ||

21. Ki Urawan umatur sarwi karuna | dhuh gusti sang apêkik | ulun pêjahana | yèn ta tuwan mêksiha | asuwalèng karsa gusti | lawan rakanta | paran dadining bumi ||

22. ing rat Jawi sintên gusti kang ngemana | liya paduka gusti | kalawan rakanta | yèn ta botên emuta | ngemana wadyanta alit | manggung ayuda | ewon kêthèn kang mati ||

23. lah punapa pakantuke ta bandara | angrusak wadya alit | sintên kang kecalan | risaking tanah Jawa | pan inggih paduka gusti | lawan rakanta | arjaning kang nagari ||

24. kang amanggih gusti aliya paduka | lawan rakanta aji | lamun tuwan karsa | gusti umadêg nata | têdhanên sakaning aris | tuwan panggiha | lawan rakanta aji ||

25. gêra-gêro panangise Ki Urawan | dhuh gustiningsun aji | anggèr kadhahara | inggih atur kawula | kapyarsa liyan nagari | kalangkung nistha | lan kadang rêbut singgih ||

26. sri narendra kumênyut duk amiyarsa | pangandikanira ris | lah Sêndhi mênênga | sun turut aturira | lah aturna sêmbah mami | marang kakang mas | lah galap-gampil mami ||

27. Ki Urawan matur sarwi [sar ...]

--- 41 ---

[... wi] awotsêkar | dhuh gustiku sang pêkik | paduka utusan | maring kangjêng rakanta | ulun maksih anèng ngriki | nadyan mantuka | sarêng paduka gusti ||

28. datan purun ulun mantuka priyôngga | lêhêng pêjah nèng ngriki | sang nata ngandika | hèh Kalêng adandana | sun utus marang nagari | anggawa surat | aturna kakang aji ||

29. Dêmang Kalêng sampun anampani surat | lèngsèr saking ngarsa ji | ya ta lampahira | bêkta kuda sadasa | tan winuwus lampahnèki | wau praptanya | Kartasura pan enjing ||

30. sri narendra pan lagya miyos sineba | pêpak sagung dipati | Dêmang Kalêng prapta | anjajug[9] Nrangkusuman | pan sampun katur narpati | dutaning rinta | prapta amawi tulis ||

31. wus pinundhut sêrat maring sri narendra | ingaturakên aglis | sêrat tinampanan | ngandika sri narendra | wong apa dutaning aji | mas duta mojar | amba mantri pamijil ||

Catatan kaki:

1. ing. (kembali)
2. riwut. (kembali)
3. kadhaton. (kembali)
4. Guru lagu seharusnya: 7a, pasisir munggèng ngarsa. (kembali)
5. Guru lagu seharusnya: 7i, gumuyu sarwi angling. (kembali)
6. awurahan. (kembali)
7. wuntat. (kembali)
8. prapti. (kembali)
9. anjujug. (kembali)