8. Mijil

1. gya winaos bêbukaning tulis | atur sêmbah ingong | ari nata prabu Ngalagane | kaatura marang sri bupati | ingkang angratoni | pan arja winangun ||

2. ulun ngaturakên pati urip | sri mapunggung katong | saking sangêt supe kula mangke | tan adarbe panêmbahan malih | gêntining rama ji | inggih kadang sêpuh ||

3. mangke punapa rèh paduka ji | sumôngga wak ingong | nadyan kurêbana ngabahane | tan suwala ing karsa narpati | gyaning pati urip | inggih kakang prabu ||

4. kadya jinait tyasing narpati | myarsa turing anom |

--- 42 ---

sri narendra alon andikane | undhangêna sagung wadya mami | sun mapag si adhi | Soma budhalipun ||

5. duta sampun winangsulan tulis | Ki Kalêng wotsinom | lèngsèr saking ngarsaning sang rajèng | lampahira tan kawarnèng margi | ing Kuwêl wus prapti | gya tumamèng ngayun ||

6. atur sêmbah angaturkên tulis | marang sang raja nom | wus tinampan binuka nglamate | pèngêt iki bêbukaning tulis | katura ri mami | salam donganingsun ||

7. sira adhi angaturi tulis | wus katur maringong | sun tupiksa sapatêmbungane | ingsun tarima maring ing yayi | dene ingsun yayi | Soma ingsun mêthuk ||

8. Natèng Nglaga duk mirsa unining | kintèki sang katong | sakalangkung trustha ing driyane | Ki Urawan sigra dèn timbali | sinungan nupèksi | surate sang prabu ||

9. wadya Ngêlagan wus dèn undhangi | waos kinèn bongkok | datan wontên malanga karsane | tan cinatur laminirèng margi | wuwusên sang aji | kang karsa amêthuk ||

10. wus siyaga sagung pra dipati | gumrah swaraning wong | pra punggawa samya nangkil kabèh | para mantri anindhihi baris | barising Kumpêni | andhêndhêng lir mêndhung ||

11. ya ta budhal saking pôncaniti | wau sang akatong | ambêlabar kang wadyabalane | warna-warna gêgaman ngajrihi | wus prapta ing Piji | kang wadya gêng laju ||

12. prapta Sanggung kang para dipati | gumêrah ponang wong | dènnya abaris salèring lèpèn | sri narendra ngantosi kang rayi | wuwusên narpati | Natèng Ngalagèku [Ngalagè ...]

--- 43 ---

[... ku] ||

13. budhal saking Kuwêl sri bupati | kang wadya agolong | waos bongkokan anèng ngarsane | pratandhane yèn sampun bêdhami | Urawan tan kari | kang môngka pangimur ||

14. tansah nèng wurinira sang pêkik | Rawan tan kênadoh | kawarnaa wau ing lampahe | pangarsanira sagung wus prapti | Kodhokngorèk muni | kulon wetan umyung ||

15. prapta Sanggung pra wadyanira ri | warnanên sang katong | Prabu Amangkurat têdhak age | saking turôngga mêthuk kang rayi | sira sang nata ri | anom rangu-rangu ||

16. dene kang raka cara Walandi | Natèng Nglaga miro | pan sakala asalah ciptane | wadyanira kinêjepan sami | wus kinèn natasi | bêbongkokanipun ||

17. samya ngagêm sagêgamannèki | gègèr lor gumuroh | wadyabala kumêpyur manahe | Ki Urawan asru dènnya nangis | dhuh gusti sang pêkik | sampun ta kadyèku ||

18. sri narendra angandika aris | hèh Urawan mangko | dudu kangmas ika sayêktine | anake Walônda iku ugi | Urawan turnya ris | inggih raka prabu ||

19. Ki Urawan sigra matur aris | suwawi sang anom | dawêg nabrang ing lèpèn nah anggèr | sri narendra sigra mundur aris | Urawan lumaris | nabrang kali sampun ||

20. sampun prapta ing ngarsa narpati | sarya awotsinom | atur sêmbah kalawan tangise | adhuh gusti paduka asalin | anganggea nyamping | sang prabu mituhu ||

21. wus asalin sri bupati aglis | busana kinaot [kina ...]

--- 44 ---

[... ot] | Ki Urawan sigra wangsul age | wus anabrang ing lèpèn sira glis | Urawan turnya ris | suwawi pukulun ||

22. pan punika rakanta sayêkti | abusana kaot | sampun gusti asalah tampine | dene sagung kang wadya Kumpêni | samya ngiring-iring | ing rakanta prabu ||

23. Natèng Nglaga anèng kidul kali | kang raka nèng êlor | kawistara sasolah-bawane | datan samar yèn kang raka prapti | dyan nabrang tumuli | Urawan kang nuntun ||

24. umêntas ing Sungi sang prabwaring | kang raka sang katong | ingkang rayi pinêngkul janggane | saha waspanira adrês mijil | manêmbah sang ari | mangusapi lêbu ||

25. pra dipatya samya sukèng ati | andulu karoron | sri narendra alon timbalane | mring sagunging kang para dipati | ngabêktia sami | marang ariningsun ||

26. ya ta sagung kang para dipati | kang ujung kêmroyok | sasampuning wangsul ing ênggone | anulya ingkang para upêsir | nung-anung Kumpêni | tabean sadarum ||

27. sinêngkalan sebaning narpati | maring raka katong | toya muluk obah sêsangkane |[1] ya ta samana budhal sang aji | gumêrah samargi | tan kawarnèng ênu ||

28. samapun rawuh sajroning nagari |[2] sang nata ngêdhaton | ingkang rayi wus sinung prênahe | padalêman wus katêmu dadi | sinungan lêlinggih | sabin kalih èwu ||

29. sabên enjing kinèn maring puri | maksih onêng katong | ya ta wau sang narpa kalihe | lagya onêng anèng panti-panti | sira narpa ari | alon [alo ...]

--- 45 ---

[... n] aturipun ||

30. amba punika kangmas rumiyin | sampun madêg katong | asêsilih Sunan Ngalagane | mangke lamun maksiha kang nami | saru praja aji | langkung nyaru wuwus ||

31. sang narpa raka suka nglingnya ris | adhuh ariningong | iya bênêr yayi ing wuwuse | sira muliha ngaran kang lami | Pangran Adipati | Kapugêran iku || 32. ingkang rayi nuwun awotsari | tan lêngganèng katong | ya ta gantya kocap caritane | sagung para bupati pasisir | sakilèn Samawis | wus kinèn angurug ||

33. mring Salinga sagung pra dipati | atêngara bodhol | Adipati Têgal têtindhihe | lan Tumênggung Mangkuyuda nênggih | lan Natayuda ri | Surônggakarèku ||

34. timbalan dalêm yèn mênang jurit | yèn Si Namrud kawon | anak putune tumpêsên kabèh | ingkang mêtu lanang ywa na kari | kang para pawèstri | dèn boyonga iku ||

35. winatara wadya kang lumaris | nêmèwu gungnya wong | kang amatah tumbak bêdhil bae | pan kajawi pêpikul pakathik | tan kawarnèng margi | lampahira rawuh ||

36. ing Gumêlêm gènnya tata baris | gênti winiraos | Raja Namrud miyarsa wartine | lamun bala Kartasura prapti | angrabasèng jurit | angrurah ing Namrud ||

37. asiyaga Namrud sawadyèki | anêdya rêrêmpon | wong pasisir wus magut yudane | pra dipati angawaki sami | panganjuring jurit | lir dhandhang anêmpuh ||

9. Dhandhanggula

1. gya têngara sagung pra dipati | pan sumahab magut ing ranangga | wong

--- 46 ---

Salinga akêkojor | Raja Namrud angumpul | lan Pangeran Pamênang nênggih | prasamya mapag ing prang | rame dènnya campuh | mêtokakên pangabaran | Raja Namrud pangabarane tan dadi | sampun karsaning Suksma ||

2. dadya wongira akèh kang mati | têtumpêsan Namrud balanira | nora na tadhah mimise | wus dhadhal barisipun | pra dipati prasamya ngungsir | Raja Namrud kacandhak | rinampog wus lampus | wau Pangeran Pamênang | pan kacandhak samana dèn baronjongi | sagunging pra dipatya ||

3. wong Salinga tinumpêsan sami | nadyan bocah yèn lanang pinatyan | wadon binoyongan kabèh | sagung pratiwa rêmbug | budhal saking Salinga baris | angiringkên boyongan | tan kawarnèng ênu | praptèng nagri Kartasura | pan Pangeran Pamênang wus dèn sedani | linawe kamandhungan ||

4. data tita lingira ing nguni | Kartasura samana wus arja | tan wontên kara-karane | Kumpêni arsa mantuk | apan sampun sinung nagari | Carêbon lan Pasundhan | tinampanan sampun | lawan Susunan Mangkurat | anyaguhi nêmpuhi rêganing mimis | obat dèn anggo pêrang ||

5. lawan balanjane duk ajurit | kang sinuhun sanggup ngulihêna | sarta Walônda rêgine | sakèhe mati pupuh | jêng susunan sanggup maringi | Amral pan wus pamitan | marang sang aprabu | ingkang jagani susunan | pan Walônda rongatus badhe jagèni | atugur Kartasura ||

6. kang tinilar kapitan sagunggil |[3] litnanipun gih amung satunggal [satungga ...]

--- 47 ---

[... l] | pan satunggal lopèrèse | sigra budhalan sampun | sakathahe bala Kumpêni | saking ing Kartasura | Samarang jinujug | pan sarwi ngulari papan | ing Samarang pan arsa dipun lojèni | sarta idi sang nata ||

7. tan winarna kang mancal jêladri | ingkang mulih maring Batawiah | sira Amral Hèlduwèl Brèh | gênti ingkang winuwus | ingkang bêbak kalih nagari | apan sadina-dina | swarane gumuruh | wadyabala Kartasura | pan sadina-dina gènnya nambut kardi | wisma myang pura nata ||

8. ya ta wau sagung pra dipati | samya gunêm kuwatiring praja | dene wadya ing Bagêlèn | pra mantri maksih kumpul | apan wontên Pangran Dipati | ing Pugêr kang masesa | andadèkkên rêmbug | satêmah rêmbug mangkana | yèn maksih ya gusti tinunggal pra mantri | manawa nèk manawa ||

9. kêna bineka ing para mantri | dadya atur rêmbaging wadana | sang prabu pangandikane | abênêr pikir iku | marmanipun adhimas dhingin | lawas tan arsa seba | marang jênêng ingsun | iya pambangusing bala | sri narendra kang rayi wus dèn timbali | Dipatya Pugêr prapta ||

10. sri narendra angandika aris | hèh yayi mas dèn kaparèng ngarsa | marma sun undang dhèwèke | manira pan ayun wruh | ing wongira kang lami-lami | miwah wongira anyar | ingsun arsa wêruh | Pangeran Pugêr tur sêmbah | pan sadaya wadyane wus dèn timbali | tumamèng ngarsa nata ||

11. kawan dasa cacahe pra mantri | samya taruna tur surèng rana | sang nata pangandikane | marang kang rayi wau | apa iku

--- 48 ---

wongira sami | sun dulu pelag-pelag | ing suwarnanipun | pantêse padha prawira | Pangran Pugêr umatur saha wotsari | inggih têtiyang lama ||

12. yèn ta ajaa wongira lami | pasthi adhi sun pundhut sadaya | arsa sun kunjara kabèh | iku ingkang atuduh | lah puniku wongira lami | pasthine sun ngapura | yèn sira kang nanggung | Dipati Pugêr tur sêmbah | pan sumôngga ing karsa paduka aji | kawula tan suwala ||

13. sri narendra angandika aris | ing Bagêlèn adhi ingsun pêcah | sun ikal sun lawe-lawe | sagung punggawanipun | kabèh padha duwea adhi | iya sawidak sewang | kang rayi wotsantun | sakalangkung anarima | pan sinigêg wau ta sri narapati | sampunnya ing antara ||

14. nênggih wontên kang winuwus malih | Kapitan Êmur ing Batawiah | adarbe têtukon lare | pan lagya pitung taun | duk tinumbas saking ing Bali | pêkik ing warnanira | Kapitan Mur iku | salaminipun atumbas | rare iku Ki Kapitan Êmur prapti | dagang myang lungguhira ||

15. minggah mayor nulya komisaris | tan alami minggah dêlèr rolas | padagange kèh bathine | dadya sugih kalangkung | angluwihi sasami-sami | Dêlèr Êmur samana | rumaosing kalbu | yèn lare kang bêkta bêgja | wus ingambil anak sinungan kêkasih | Si Ontung namanira ||

16. lan ingugung sasolahirèki | ya ta sampuning alama-lama | diwasa kathah umure | mêpêg birainipun | Kyai Dêlèr Êmur winarni | darbe atmaja kênya [kê ...]

--- 49 ---

[... nya] | luwih saking ayu | tan darbe sadulur priya | sinadulurakên lan Si Ontung nênggih | tan pisah sadinanya ||

17. nanging nyonyah rêmêne kapati | mring Si Ontung dadya lama-lama | apan samya biraine | kirda lawan Si Ontung | pawèwèhe donya anggili | barang panjalukira | Si Ontung tinurut | nanging Si Ontung samana | datan arsa asimpêna donyanèki | akarya pangasilan ||

18. apan samya budhaking Kumpêni | dipun sanak anggung winewehan | sabarang ing sasukane | donyanira Dlèr Êmur | ingulêran raina wêngi | nanging datan kinarya | kasugihanipun | pan kinarya wèwèh marang | prasanakanira samya dèn tuwuki | mangkana salaminya ||

19. budhak Kumpêni wênèh wong Bugis | kang ingambil wau sanakannya | kathahe prasanakane | watara wong rongpuluh | prasanakan budhak Kumpêni | pan samya kapotangan | wênèh ana muwus | apa ingsun walêsêna | mring Si Untung manawa amanggih kardi | tan liya lara pêjah ||

20. Ki Dêlèr Êmur mangkya winarni | wêruh lamun donyane kèh ilang | amidhangêt yèn anake | kirda lawan Si Ontung | angulêri donyanirèki | pan anakira nyonyah | ical polahipun | kawêdhar tan mawi sandhang | gya cinêkêl Si Ontung dèn pilarani | rangkèt satêngah pêjah ||

21. datan arsa suwala ing kapti | asêsambat mintak ampun kula | Ki Dêlèr ngêrês manahe | pan ingapura sampun | ri wusira ing lami-lami | tan mari solahira | nyonyah lan Si

--- 50 ---

Ontung | duk samana kawênangan | mring Dêlèr Mur dènnya kirda pukul kalih | nèng gêdhong pajungutan ||

22. gya cinêkêl mring Dêlèr Mur aglis | liwat gusar Si Ontung punika | tinangkêp bêlokan gêdhe | de nyonyah gya rinipu | ya ta wau ingkang winarni | Ki Untung nèng bêlokan | langkung kawlasayun | pan akathah rowangira | wong dêdosan sawidak yèn winitawis | sawusnya lama-lama ||

23. dadya Ki Untung amuwus aris | ing rowange kang anèng bêlokan | sanak-sanak ingsun kabèh | paran ta dayanipun | nora nana kang duwe budi | rèhning padha lêlaran | rowange sumaur | hèh Untung têka mangkana | duwe polah dene pambêlokan wêsi | lan gêdhong tinutupan ||

24. tur kinunci jinagèng Kumpêni | paran baya kênaa amolah | Ki Untung alon wuwuse | mênawa na pitulung | nging Hyang Sukma marang kêkasih | pan kuwating kawula | saka ing Hyang Agung | rowange malih angucap | sira iki Untung dene akumaki | sun iki wong wis tuwa ||

25. nèng bêlokan wus tri madya sasi | lawan ingsun nora mangan-mangan | suprandene kongsi mangke | tan bisa budi tèngsun | sira bocah pêksa kumaki | mila bênêr Sri Krêsna | tiwikrama tuhu | ing ajur-ajèr tan kewran | kaya sira ngayoni bêlokan wêsi | tuhu yèn bocah lanang ||

26. Ki Untung mèsêm nauri aris | ingsun nora rêmbugan lan sira | pikiran lan wong sakèhe | sasukanira iku | lamun sira nora praduli | hèh sanak-sanak sira | yèn ana pitulung | saka ing Hyang Maha Mulya | yèn ta ana iya [i ...]

--- 51 ---

[... ya] ingkang anguculi | paran karêpe samya ||

27. wong akathah samya anauri | yèn mêngkono apa karsanira | sanak-sanakira kabèh | manut sukanirèku | nadyan silih angrurah ngloji | timbang matyèng bêlokan | Ki Untung gumuyu | sarwi ngurut ing sarira | sampun konus saking pambêlokan wêsi | cingak sakèh wong mulat ||

28. têtarungkon wong sawidak nuli | inguculan wus ucul sadaya | amung wong siji kang dèrèng | ingkang nyampahi wau | ya ta sagung kang ucul sami | sarêng dènira ngucap | mring sira Ki Untung | Untung paran karsanira | dene uwis ucul saking ing sirèki | paran ta ing rèhira ||

29. Ki Untung alon dènnya nauri | ingsun arsa angamuk Wêlônda | paran karsanira kabèh | sadaya gya sumaur | nadyan silih ngamukèng loji | kabèh datan suminggah | ing karsanirèku | mung upayakna dandanan | lan malihe golèkna sarapan dhingin | dimène sami kuwat ||

30. Ki Untung umèsêm muwus aris | yèn mêngkono wis padha mênênga | ingsun mêngko nora suwe | sigra wau Ki Untung | lawang gêdhong dinêdêl aglis | kuncine wus malêsat | Ki Untung gya mêtu | datan cinatur samana | Untung ngandhut patrêm gêdhene sanyari | sapraptanirèng jaba ||

31. kang ajaga pinatrêm ngêmasi | anjêrbabah tanpa asêsambat | kunci gya pinasang age | Ki Untung sigra laju | angulati wong sanaknèki | tan wontên kang pinanggya | mung kalih ing ênu | sigra dyan rinangkul sira | Untung dahat tinangisan mitra kalih | lah paran polahira ||

32. salawase sira nandhang sakit | ingsun arsa

--- 52 ---

atilik tan bisa | mêngko uwis panggya dhewe | payo sun gawa mantuk | pan Ki Untung nulya tut wuri | sapraptanirèng wisma | pawong sanakipun | para mitranya sadaya | binilangan dene kang katêmwèng nguni | akathah samya prapta ||

33. prasanake prapta tawan tangis | Ki Untung alon dènnya angucap | sun jaluk gêgaman bae | lawan sun jaluk sêkul | dèn akathah lan kinang aglis | lah payo atêrêna | ingsun arsa wangsul | sigra pawong sanakira | anggawani kêris pêdhang lawan cundrik | myang waos cacebolan ||

34. wus binêngkêk kang warastra aglis | dyan umangkat kêrig prasanaknya | kang ngatêrkên gêgamane | wênèh ambêkta sêkul | myang panganan kinang tan kari | samana wayahira | apan pukul wolu | duk Ki Untung wêdalira | pan pukul nêm lampahira nulya prapti | prênahe pambêlokan ||

35. sarêng ingkang gilir jaga prapti | Kumpni siji ingkang ngatêr kopral | ya ta Ki Untung nulya ge | anarik patrêmipun | wus pinatrêm siji ngêmasi | koprale arsa mêdhang | gya pinatrêm lampus | ingkang anèng jro bêlokan | pan sadaya winêdalakên tumuli | samya berag kang manah ||

36. samya kinèn anêdhaa aglis | kumaroyok wong sawidak samya | sawusira nginang age | nulya warastra dinum | ana ingkang amilih cundrik | wênèh amilih pêdhang | wênèh kêrisipun | ana tumbak cêcebolan | sampun samya asiyaga ngati-ati | nèng jawining bêlokan ||

37. ya ta wontên wong tuwi sawiji | anggarit lêmah sarwi angucap | hèh Untung manira mangke | lamun Kumpêni [Ku ...]

--- 53 ---

[... mpêni] rawuh | yèn lungaa saka gêgaris | gon ingsun mapag yuda | sampun awak ingsun | dudu anaking manungsa | anak anjing yèn ingsun tinggala garit | bunuhên saking wuntat ||

38. ya ta wau litnane winarni | kang ajaga ing jaba bêlokan | suwe tan prapta koprale | ya ta wus kinèn nusul | sarehane abang lumaris | wus prapta pambêlokan | pan kagyat andulu | baris nèng jawi bêlokan | gêdhong mênga sarehan lumayu aglis | myat rowangira pêjah ||

39. matur dhatêng litnanira nuli | katur mring rat Kumpêni sadaya | gupuh amukul tambure | wadya Kumpêni kumpul | sabrêgada sigra lumaris | wus prapta pambêlokan | wong Kumpêni ngêpung | ya ta Ki Untung saksana | angabani kancane anêmpuh aglis | mangsah sadaya surak ||

40. binarondong bêdhil tan gumingsir | wong sawidak pan angamuk rampak | wong Kumpêni akèh longe | kuwêl dènnya atarung | tandangira Ki Untung nênggih | lir singa lodra galak | kanan kering nyuduk | anggoco sarwi anyepak | wong sawidak anglir bajo angajawi | gêmpuran sabrêgada ||

41. munggèng wuri Kumpêni kèh mati | angêdrèli anglir gêlap sasra | sapalih ika kantune | angamuk kuwêl iku | kang sawênèh pêdhang lan kêris | Kumpêni kathah pêjah | kang wuri kèh rawuh | Ki Untung rowangnya têlas | pan ingêroban mimis lir udan api | tumpês kari priyôngga ||

42. Ki Untung tinubruk kanan kering | kang aparêk padha pinatrêman | duk kinandhang-kandhang bae | mêdal ing loji sampun | saparane pan dèn bêdhili | mring bètèng alang-alang |

--- 54 ---

panyalimpêtipun | Kumpêni pan wus kelangan | dèn osak-asik datan ana kapanggih | dadya Kumpêni kobra ||

43. wus misuwur sanagri Batawi | Ki Untung ucul saking bêlokan | angamuk akèh rowange | wong sapatrungkon ucul | tumpês awor lawan Kumpêni | tintrim wong sanagara | ya ta kang winuwus | Ki Untung dènnya singidan | anèng bètèng alang-alang tigang ratri | Ki Untung duk samana ||

44. amomor dhatêng nagari malih | angulari pawong sanakira | sapraptanira ing rajèng | pawong sanakirèku | apan kathah ingkang kapanggih | Ki Untung tinangisan | sadayarsa tumut | pangucapira mangkana | sun mèlu mring sira asabaya pati | amalês kabêcikan ||

45. tigang dasa kang tumut rumiyin | dalu mangkat saking ing nagara | tan kari sagêgamane | bètèng lang-alang rawuh | karya pondhokira miranti | ing sabên ari prapta | pawong sanakipun | kêkalih tuwin sakawan | lama-lama tutur-tinutur waradin | sakèh prasanakannya ||

46. kang sawênèh ana ngait-ait | duk samana nagri Batawiah | nayaka Kumpêni kabèh | minggat têbusanipun | pan Ki Untung ingkang winarni | nèng bètèng alang-alang | wus mêmpên wong satus | lawan sagêgamanira | pan cinatur bètèng lang-alang anênggih | samana maksih wana ||

47. apan enak dènira miranti | Ki Untung lawan sarowangira | dene kang ngrêksa pangane | nênggih amung Ki Untung | tan kawruhan saba nagari | tan ana kang uninga | mangkana cinatur | yèn kala marang nagara | sawêdale patrême tansah tinarik | winor suruh

--- 55 ---

candhikan ||

48. yèn kêpêthuk Kumpêni satunggil | myang kêkalih ginêpyok ing sêdhah | niba kapisanan jidhèt | sabên-sabên kêpêthuk | wong Kumpêni ginêpyok mati | yèn wayah wusing ngasar | wingwrining marga gung | ing sabên ari mangkana | lama-lama kauningan mring Kumpêni | yèn Ki Untung kang polah ||

49. pinarantèn dening wong Kumpêni | yèn wayah pukul satêngah lima | binarisan ing margane | andhêdhêp tan kadulu | pinakanan Kumpêni siji | Ki Untung duk samana | anuju lêlaku | saking sajroning nagara | aningali Kumpêni satu nèng margi | sigra ginêpyok sêdhah ||

50. kapirsanan kang baris miranti | sigra mêdal Ki Untung lumajar | binarondong bêdhil akèh | cinêgat saking ngayun | pan Ki Untung minglar angering | saking kering narajang | kang ginêpyok lampus | anêmpuh sarwi lumaywa | wong Kumpêni rolas ingkang angêmasi | kopral sarehan pêjah ||

51. wong Kumpêni maksih ambêdhili | ambêburu Ki Untung samana | ya ta prapta ing prênahe | rowangira Ki Untung | ya ta sarêng miyarsa bêdhil | sadaya sarêng mêdal | saking prênahipun | mulat Kumpêni gung prapta | ambêbujung Ki Untung kang dèn bêdhili | wong satus sarêng pêjah ||

52. ngamuk rampak wong satus mangungkih | tandangira lir yêksa mamôngsa | wong Kumpêni akèh longe | tumpês amung kang kantun | janma tiga maring nagari | dene wau kang pêjah | sawidak gungipun | lumayu maring nagara | sampun prapta katur ing para Kumpêni | miwah gurnadur jendral ||

--- 56 ---

53. yèn Kumpêni kathah kang ngêmasi | Ki Untung baris nèng alang-alang | apan akathah rowange | tan kawarna ing dalu | enjing mêpêg baris Kumpêni | Ambon Bugis Makasar | Sêmbawa lumayu | gêgamane abra sinang | sigra budhal Amral tinuduh nindhihi | lawan mayor sakawan ||

54. pan gumuruh swara tambur muni | surak bakilung wadya Makasar | datan kawarna lampahe | bètèng lang-alang rawuh | dyan warnanên Ki Untung nênggih | anon Kumpêni prapta | tarèn kancanipun | sagunge wong sanakira | aprajanji prasêtya barêng ngêmasi | tan nêdya nolèh wuntat ||

10. [Pangkur][4]

1. wadya Kumpêni umiyat | yèn Ki Untung sampun amêpêg baris | Amral angabani magut | sigra Kumpêni mangsah | swaraning kang sanjata lir gunung rubuh | pêtêng kukusing sêndawa | Ki Untung sigra ngabani ||

2. saksana sarêng umangsah | ngamuk rampak amor kukusing bêdhil | wadya Makasar anglambung | ngêbyuki kering kanan | ramening prang Ki Untung sarowangipun | manêngah lir singa lodra | wong satus tan nêdya urip ||

3. sabalanira sudira | kang katrajang Kumpêni kèh ngêmasi | Bugis Sambawa kèh lampus | miwah Ambon Makasar | kawarnaa Kumpêni saya gung rawuh | Ki Untung sarowangira | lir andaka tawan kanin ||

4. ngurugan dening sanjata | datan anggop pangêdrèling Kumpêni | lir gêlap sèwu ambarung | gurnat lawan gurnada | gutuk awi[5] lir udan lamun dinulu | Ki Untung pangamukira | tan apisah golong pipit ||

5. ngêsokan mimis lir udan | sira Untung lir Partatanayèki | binut [bi ...]

--- 57 ---

[... nut] sata Kurawèku | sampun karoban lawan | akèh kanin rowangira akèh lampus | myang Kumpêni akèh pêjah | wangke awor tumpang tindhih ||

6. saari dènira yuda | rowangira Ki Untung kang ngêmasi | sawidak kèhe kang lampus | Kumpêni sabêrgada | Bugis Ambon Sêmbawa lan wong Malayu | wadya Mêkasar kèh pêjah | angrês prajurit Kumpêni ||

7. amung kantun kawan dasa | sira Untung wadyanira kang kari | maksih sudira angamuk | kabèh lir singa lodra | ya ta sapih kang yuda kasaput dalu | wadya Kumpêni sadaya | wus mundur maring nagari ||

8. Ki Untung ingkang winarna | pan ing dalu gunêm sarowangnèki | ana ingkang rada sêpuh | Ki Êmbun namanira | alon mojar hèh ta sanak-sanak ingsun | kabèh paran budinira | kang wong sadaya nauri ||

9. manira tan darbe sêdya | saparane Ki Untung sun tut wuri | kabèh nora nêdya kantun | Ki Êmbun alon mojar | mring Ki Untung bagus iki pikiripun | yèn amung abôndayuda | pira kuwatira iki ||

10. amungsuh wong sanagara | yèn sêmbawa payo padha angungsi | Ki Untung alon amuwus | iya sakarsanira | nanging ngêndi kang pantês ingungsèn iku | Ki Êmbun alon angucap | ing Carêbon payo ngungsi ||

11. manawa ta Kangjêng Sultan | ing Carêbon benjang wani ngukuhi | mangkana Untung miturut | ing dalu dènnya budhal | ngidul ngetan kang dèn jogi ing Cianjur | wong patang puluh tan pisah | gantya wau kang winarni ||

12. saundurira ayuda | wong Kumpêni [Kumpê ...]

--- 58 ---

[... ni] sagunge ngati-ati | prasamya abaris tugur | katangkêp lawang kutha | mriyêm samya pinasang plataranipun | arakit sagêgamannya | ya ta kawarnaa enjing ||

13. sumrêg swarane kang bala | pan kinêrig sagung wadya Bêtawi | wus budhal swara gumuruh | ing ênu tan winarna | praptèng bètèng alang-alang panggih suwung | Amral mêmatah kapitan | pêpitu kinèn ngulati ||

14. myang wadya Kumpêni Islam | pra kapitan pêpitu kang tinuding | saha wadyabalanipun | nênggih têtindhihing prang | apan Mayor Bèndêlpotan namanipun | sigra budhal kang gêgaman | angidul ngetan nut lari ||

15. ya ta ingkang kawuwusa | lampahira Ki Untung sampun prapti | wau ing nagri Cianjur | gepak ngalor angetan | ing Cirêbon wau ta ingkang jinujug | ênêngna Untung lampahnya | Sultan Cirêbon winarni ||

16. darbe abdi kinasihan | tur pinutra-putra ran Surapati | sultan kalangkung sihipun | ngugung ingêla-êla | ingapura matèni tanpa dosèku | mênawa Ki Surapatya | bêburu maring wanadri ||

17. ambêkta wadya sakupang | pan sadaya sami wahana wajik | saha sikêp tumbak tulup | towok lêmbing nèng ngarsa | sira Surapati ing wana wus rawuh | alèrèn ana ing marga | wong kang liwat samya ajrih ||

18. wadyane ing kering kanan | dyan warnanên wau Ki Untung prapti | Cirêbon talatahipun | angambah wanawasa | prapta ing gyanira Surapati sampun | Surapati kagyat mulat | wong liwat pating kalicir ||

19. kang dèn iring lare pelak | Surapati ngatag [nga ...]

--- 59 ---

[... tag] balanira glis | padha andhêgên wong iku | ingong arsa têtanya | kang dèn iring undangên mring ngarsaningsun | ya ta Ki Untung wus prapta | ing ngarsane Surapati ||

20. Ki Surapati angucap | sira iki adhi têka ing ngêndi | miwah kang sinêdyèng kayun | sapa wêwanginira | sira Untung alon dènira umatur | kawula ing Batawiah | nênggih budhaking Kumpêni ||

21. milane kawula kesah | nênggih dipun sikara ing Kumpêni | ingkang kasêdya ing kayun | angungsi Kangjêng Sultan | ing Cirêbon mênawi sagêda ngukup | dhatêng ing wong kawlasarsa | nêdya sabil lan Kumpêni ||

22. Surapati osiking tyas | rare iki yèn sun watarèng ati | jatmika wagêd ing têmbung | dudu trahing wong papa | sun watara kaya têdhake wong luhur | yèn katura kangjêng sultan | pasthi yèn dèn karêmêni ||

23. dhasar gustiningsun sultan | karêmêne wong kang graitèng lungid | kalawan wong kaduk purun | upama koningana | maring gusti sayêktine ingsun kantun | lorod pangawulaningwang | dadya Surapati angling ||

24. adhi sun peling ing sira | pan nagara Cirêbon iki cilik | nanging wingite kalangkung | yèn sirarsa mangsuka | lah tinggalêm[6] gêgamanmu kabèh iku | miwah sakèh rowangira | aja na anganggo kêris ||

25. yèn nora tinggal gêgaman | nora kêna sira manjing nagari | payo ta kabèh baturmu | padha barundhulana | gêgamane kabèh aturna maring sun | dene ingsun kang anggawa | manjingira mring nagari ||

26. Ki Untung alon angucap | sabature kinon [ki ...]

--- 60 ---

[... non] srah tumbak kêris | saksana sinrahkên sampun | kabèh gêgamanira | Surapati mojar maring wadyanipun | kabèh padha tampanana | gêgaman tumbak lan kêris ||

27. ya ta sampun tinampanan | kang awarni gêgaman tumbak kêris | sadaya sampun barundhul | Ki Untung rowangira | ri saksana Ki Surapati amuwus | adhi amung kari sira | durung asrah tumbak kêris ||

28. Ki Untung alon aturnya | bok inggiha kyai dika alimi | dene rencang kula sampun | kapundhutan sadaya | mung kawula kiyai andika tanggung | môngsa nêdyaa punapa | wong anêdya ngungsi urip ||

29. Ki Surapati anyêntak | apa têmên sira tan asrah kêris | môngsa bêcika tinêmu | yèn wangkot nut parentah | awèh ora êndi kêrismu sun pundhut | sira iki basakêna | mêndhak kalingan kaèksi ||

30. apa nganti sun plaksana | ingsun gawa bêbandan mring nagari | kagyat miyarsa Ki Untung | madêg suraning driya | asru ngucap ora awèh kêris ingsun | yèn wus pêcat nyawaningwang | têka ing rêraga mami ||

31. lah iku sakarsanira | Surapati bramantya angêjèpi | ing wadya sarêng anubruk | Ki Untung gya malumpat | sarwi ngucap mring wadyane sadayèku | hèh batur padha mirea | ingsun dhewe kang ngêmbari ||

32. sira wis tanpa gêgaman | ri sêksana wong Carêbon ngêbyuki | sawênèh ana anyuduk | ana ingkang anumbak | Surapati nindhihi ing wadyanipun | lawunge ingêmbat-êmbat | Ki Untung datan gumingsir ||

33. narik patrêm [patrê ...]

--- 61 ---

[... m] asta kanan | asta kiwa sampun anarik kêris | tangane kering ambunuh | tinumbak tan suminggah | wong Cirêbon kang kapatrêm kathah lampus | Ki Untung asru sêsumbar | payo kene Surapati ||

34. aja ngadu wadyanira | Surapati ngatag wadya ing buri | payo sosogên ing ganjur | wong siji gôndra pira | urugana ing lêmbing kalawan busur | Ki Untung ngamuk manêngah | kang katrajang kèh ngêmasi ||

35. wong ing Carbon giris mulat | tandangira Ki Untung angajrihi | lir singa lodra dinulu | winatang tan tumama | wong Cirêbon akèh longe ingkang lampus | kang kari mawur sasaran | tan ana nolih ing gusti ||

36. Ki Surapati lumaywa | sêdyanira wêwadul marang gusti | ya ta warnanên Ki Untung | rewangnya kang suminggah | sarêng prapta sadaya sami angrangkul | angungun ing solahira | sawênèh ana nangisi ||

37. Ki Untung arêrêmbagan | ing rowange prasamya angling aris | dawêg animpang Ki Untung | manawi winangsulan | dhatêng ingkang bêbegal punika wau | Ki Untung alon angucap | kang ora-ora sira ngling ||

38. apan wong nêdya raharja | pasthi ingsun rahayu kang pinanggih | sêksana lajêng Ki Untung | lawan sarowangira | kawarnaa Surapati kang lumayu | sampun prapta ing nagara | dumrojog malêbèng puri ||

39. jêng sultan lagya sineba | Surapati pan sarwi awotsari | gupuh dènira umatur | kawula tur uninga | abdi dalêm gusti kathah ingkang lampus | binegal wontên ing marga | dene kang angêndhêg kardi ||

40. tiyang saking Batawiah [Batawi ...]

--- 62 ---

[... ah] | akêkasih inggih pun Untung gusti | de mangke inggih pun Untung | lajêng malêbèng kitha | kèndêl wontên margi parapatan wau | sultan aris angandika | mring gandhèk kinèn nimbali ||

41. Ki Untung wus tinimbalan | sigra mêdal wau gandhèk kêkalih | sampun prapta prênahipun | ing marga parapatan | wus kapanggih sira kalawan Ki Untung | kyai gandhèk lon angucap | sira ngandikan mring gusti ||

42. Ki Untung kerid saksana | sigra prapta rowangnya kantun jawi | Ki Untung nulya cumundhuk | ing ngarsane jêng sultan | kangjêng sultan pangandikanira arum | marma sun timbali sira | Untung marang ngarsa mami ||

43. pan ingsun arsa têtanya | apa sêdyanira prapta nèng ngriki | iya ing nagaraningsun | lan pira rowangira | Kyai Untung matur sarwi awotsantun | inggih amung kawan dasa | sultan angandika aris ||

44. alane Si Surapatya | dursilane têka anglêlangkungi | durung ana luwangipun | hèh iya ngêndi ana | pan wong satus binegal wong patang puluh | dene ta sun êla-êla | têmah nyukêri nagari ||

45. ri saksana pinariksa | sira Untung sultan kalangkung runtik | nulya Surapati iku | wus kinèn mêjahana | sinudukan wau anèng alun-alun | Ki Surapati wus pêjah | sultan angandika aris ||

46. sira lajua mangetan | angungsia marang rajèng Matawis | apan iku ratu agung | anyakrawati ing rat | nuswa Jawa pan iku ingkang amêngku | kêlar ngukuhana sira | apan ingsun angamini ||

47. lan

--- 63 ---

sira sun wèhi aran | ajênênga Rahadèn Surapati | lawan pinasthi sirèku | dadya satruning kopar | sira Untung kalangkung dènira nuhun | anêmbah sirèng suku sang | amit lèngsèr saking puri ||

48. sapraptanira ing jaba | wus apanggih lawan rowangirèki | Ki Untung alon amuwus | hèh sanak-sanak ingwang | timbalane kangjêng sultan marang ingsun | ingsun kinèn angungsia | maring sang rajèng Matawis ||

49. apan sultan tan kawawa | angukuhi dening nagara cilik | nanging amine jumurung | sasolah-tingkah ingwang | lan malihe ingsun sinungan jêjuluk | dening sultan ingaranan | iya Radèn Surapati ||

50. rowangnya suka sadaya | dene antuk idining ratu mukmin | Radèn Surapati muwus | lawan ingsun winêca | dening sultan ing satêdhak turun ingsun | apadene abdiningwang | dadya satruning Kumpêni ||

51. Bapa Bun sira kang tuwa | angaliha sira sun wèhi nami | Êmbun Jaladri sirèku | dadia pangidhêpan | ing sakèhe sanak-sanakira iku | sira kang sun gawe tuwa | rowangnya sadaya angling ||

52. hèh kakang Êmbun mung sira | luwih bênêr karsane radèn iki | sira pamungkasing laku | minôngka tuwa-tuwa | kabèh iki kakang pan darma lumaku | apa barang pikir dika | dika wus mikani wèsthi ||

53. radèn pan maksih taruna | sadungkape dika ingkang ngaturi | tan winarna wau sampun | mangkat saking nagara | amangetan Surapati lampahipun | ing Têgal apan kamargan | Pamalang kang dipun [dipu ...]

--- 64 ---

[... n] jogi ||

54. gantya ingkang winursita | wong Kumpêni kang samya anututi | kèndêl tanah ing Cianjur | pan wus miyarsa warta | yèn Ki Untung ngalor ngetan lampahipun | tan pisah sarowangira | ya ta sagung wong Kumpêni ||

55. ajrih yèn ngungsira têbah | dene wêruh tandange yèn ajurit | duk samana pitung dalu | Kumpêni nèng Pasundhan | wong Pasundhan sadaya wus kinèn kumpul | anèng Cianjur barisnya | sagunge kang para mantri ||

56. Kumpêni parentahira | wong kang liwat samya kinèn nakèni | manawa luwih sapuluh | tan anggawa dagangan | kinèn nyêkêl manawa iku Si Untung | yèn wong liwat dudu dagang | pêpêtên kang mring Batawi ||

57. wadya Kumpêni wus bubar | mring Batawi kang kari pacak baris | wong Sundha para tumênggung | kang baris urut marga | yèn ta durung karuhan gyane Ki Untung | Kumpêni parentahira | aja bubar ingkang baris ||

58. ya ta wau kawuwusa | lampahira Rahadèn Surapati | Pamalang gepak mangidul | prapta tanah Toyamas | lèrèn dhukuh Ajibarang kang dinunung | pan dhusun ing Ajibarang | patingginira kêkalih ||

59. apan samya kadangira | loro sanak kang anom Saradênti | Saradênta ingkang sêpuh | langkung anyuba-nyuba | mring têtamu laminira kawan dalu | sira Radèn Surapatya | saksana ngadêg kang baris ||

60. pan wus akarya narendra | Saradênta kalawan Saradênti | ingkang ingadêgkên ratu | sampun ngêlar jajahan | kanan kering Ajibarang pan anungkul | tan ana wani anglawan |

--- 65 ---

marang Prabu Saradênti ||

61. yèn ana wani anglawan | gya ginêcak rêmpu tan ana wani | dadya kang kantun atakut | wus dadya barisira | amung kari jroning kitha dèrèng têluk | kantun Tumênggung Toyamas | kang maksih anglawan jurit ||

62. ya ta wau linampahan | Bun Jaladri panganjurirèng jurit | kitha Toyamas jinujug | rame dènira yuda | Ki Tumênggung Toyamas balane rêmpu | datan amôngga puliha | kontal saking ing nagari ||

63. kèndêl sawetan Toyamas | ki tumênggung maksih apacak baris | nèng kali Jirak kêkuwu | wong wetan ing Toyamas | Panjêrngrema akumpul barisnya agung | Bun Jaladri kang winarna | ratune wus dèn boyongi ||

64. marang salêbêting kitha | wus ngadhaton Sang Prabu Saradênti | Radèn Surapati wau | langkung pinutra-putra | Bun Jaladri gêgêdhig manggalanipun | wus agêng dêdamêlira | mangkana ingkang winarni ||

65. sira Radèn Surapatya | abêbisik mring Bun Jaladri aris | aywa kelangan sirèku | sun[7] bapa arsa lunga | marang Kartasura asuwita ingsun | ing Jêng Sang Prabu Mangkurat | yèn ana wong takon mami ||

66. apadene ratunira | awarahên yèn lunga tapa mami | pan marang pasisir kidul | anging wêwêkas ingwang | maring sira yèn besuk utusan ingsun | saka prajèng Kartasura | ratumu cêkêlên aglis ||

67. sira gawaa bêbandan | Bun Jaladri ya ta umatur inggih | sandika ing rèh pukulun | lawan maninge bapa | aja kandhêg nêlukakên sapungkurku | baris saking Kalijirak [Ka ...]

--- 66 ---

[... lijirak] | gitikên sapungkur mami ||

68. ri sampunira mitungkas | gya umangkat Rahadèn Surapati | duk ing wayah têngah dalu | mentar saking Toyamas | lampahira datan kawarna ing ênu | prapta nagri Kartasura | wong anom ingkang lumaris ||

11. Sinom

1. sira Radèn Surapatya | wau kang sinêdyèng galih | umarêk rêkyana patya | Radèn Anrangkusumèki | lampahnya sampun prapti | nênggih paregolanipun | sigra atur uninga | wau ingkang têngga kori | lamun wontên wong prapta arsa suwita ||

2. sigra wau ingandikan | dening rêkyana apatih | Ki Surapati wus prapta | ing ngarsa saha wotsari | Radèn Nrangkusumèki | rêsêp ing manah andulu | alon dènnya ngandika | ing ngêndi asalmu adhi | lawan sapa wêwanginira matura ||

3. Ki Surapati tur sêmbah | tan èngêt sakaning alit | dening papa kawlasarsa | anama pun Surapati | sêdya kawula ngabdi | dhatêng gusti kang sinuhun | lawan malih punika | kawula angungsi urip | dèn niaya kawula dhatêng wong kopar ||

4. marma gya oncat sumêdya | ngayom mring jêng sri bupati | upaminipun kawula | tinêdha dhatêng Kumpêni | wit dados runing kapir | dipun patêdhakna gupuh | nanging panuhun amba | sagung abdi dalêm Jawi | sampun wontên tumut-tumut magut yuda ||

5. dene Kumpêni punika | kapanggiha siyang ratri | pan inggih purun kawula | sagêndhinge kula wani | ya ta rahadèn patih | miyarsa suka tyasipun | alon dènnya ngandika |

--- 67 ---

lah iya aja kuwatir | manira kang umatur marang narendra ||

6. mangkana Ki Surapatya | sinungan ênggyan pribadi | kalangkung sinuba-suba | ing radèn rêkyana patih | kinadang-kadang yêkti | ingandikan sabên dalu | gantya kang kawuwusa | sira Prabu Saradênti | nênggih ingkang ngadhaton wontên Toyamas ||

7. apan sampun awibawa | gêgamanira wus dadi | kang abaris kali Jirak | Tumênggung Toyamas nênggih | apan sampun ginitik | marang Bun Jaladri wau | Ki Tumênggung Toyamas | rusak balane kèh mati | tan kuwawa tumênggung sigra lumaywa ||

8. pan sêdya mring Kartasura | apan arsa tur upaksi | datan kawarna ing marga | ing Kartasura wus prapti | matur mring sri bupati | aturira ki tumênggung | yèn nagri ing Toyamas | wontên wong ngadêgkên baris | aprakosa kêraman kang madêg nata ||

9. sang nata kalangkung duka | age kinèn anglurugi | ingkang tinuduh ing lampah | sira rahadèn apatih | ya ta ingkang winarni | Radèn Anrangkusumèku | undhang kang wadyabala | santana lawan prajurit | sira Radyan Surapati ingandikan ||

10. wus prapta ing ngarsanira | ngandika rêkyana patih | ingsun adhi arsa lunga | timbalane sri bupati | ingsun kinèn nglurugi | ing wong kang umadêg ratu | anèng nagri Toyamas | ya ta Radèn Surapati | tur pranata kenginga radèn punika ||

11. sampun andika tumindak | ngamungna pun Surapati | anyêpêng mêngsah karaman | kawula ingkang nanggupi | wuwuha mêngsah malih | sayêkti merang

--- 68 ---

kalangkung | yèn amba maksih gêsang | paduka tindak pribadi | suka ing tyas rahadèn patih ngandika ||

12. yèn mêngkono aturira | sun munjuk ing sri bupati | ri sampunira mangkana | lumêbêt ing dalêm puri | ing srimanganti prapti | sampun tundhuk lan sang prabu | anulya tinimbalan | wus prapta ngarsèng sang aji | sigra matur Rahadèn Anrangkusuma ||

13. gusti wontên palajêngan | saking ing nagri Batawi | kêkasih pun Surapatya | palajêngipun angungsi | sinikarèng Kumpêni | mila ngungsi sang aprabu | dene ta tanpa dosa | binoyak-boyak Kumpêni | nanging mangke sagah angrurah karaman ||

14. ingkang mandhirèng Toyamas | punika sanggup mêjahi | yèn suwawi rinojongan | ature pun Surapati | endah punapa gusti | yèn èstu pênêd kinukup | yèn awon gya binucal | sampun nyênyukêri galih | sri narendra alon dènira ngandika ||

15. lah iya sakarsanira | môngsa bodhoa sirèki | pan ingsun uwus pracaya | marang ing sira apatih | suka tyase wotsari | wus mêdal saking kadhatun | sapraptanirèng jaba | panggih lan Ki Surapati | dhinawuhan timbalane sri narendra ||

16. kalilan kinèn umangkat | adhi sadina ing mangkin | Ki Surapati sandika | kalangkung suka ing galih | pan sampun dèn kèngkèni | Tumênggung Toyamas wau | ngatêr Ki Surapatya | mangkat saking ngarsèng patih | sigra-sigra mangkat saking Kartasura ||

17. datan kawarna ing marga | lampahe Ki Surapati |

--- 69 ---

ing kali Jirak wus prapta | pan sampun apacak baris | wong desa akèh prapti | samya ngaturi sêsuguh | tarub wetan Toyamas | mirsa jêjênêng narpati | kawarnaa sira Radèn Surapatya ||

18. rahadèn sigra utusan | mring panakawan kêkalih | pan bêkta sêsupenira | aglis lampahnya wus prapti | ing Bun Jaladri iki | sampun atanggap ing sêmu | sira Bun Jaladriya | amangsiti rowangnèki | bêbêktane kang saking nagri Jakarta ||

19. sadaya kinèn siyaga | sagêgamaning ajurit | mangkat seba ratunira | sapraptanira ing puri | sira Ki Saradênti | apan lagya ngabên sawung | anèng pasowan jaba | ingayap pawongan cèthi | kagyat mulat praptane Bun Jaladriya ||

20. alon dènira ngandika | sira Prabu Saradênti | kene dèn kaparèng ngarsa | apa wartane ing jawi | baya ta ana kardi | dene ta bapa malêbu | sira Bun Jaladriya | pan sampun amarêpêki | angêjèpi nênggih maring rowangira ||

21. tinubruk saking ngiringan | sira Prabu Saradênti | anjumbul sampun binônda | myang Saradênta ginodhi | kalih binêkta mijil | Bun Jaladriya wus mêtu | lampahe tan winarna | ing kali Jirak wus prapti | sampun katur marang Radèn Surapatya ||

22. yèn ratune wus kabônda | suka Radèn Surapati | sigra pinocok saksana | utamangganira kalih | Toyamas dèn obongi | wau ing kadhatonipun | pan samya binoyongan | dene Radèn Surapati | sampun budhal saking nagari

--- 70 ---

Toyamas ||

23. datan kawarna ing marga | prapta ing Kartasurenjing | katur mring sri naradipa | yèn prapta Ki Surapati | ratu kraman wus mati | pan tinigas jangganipun | sang nata langkung trustha | murda wus tinanjir kalih | sira Radèn Surapati wus ginanjar ||

24. ing êmas lawan busana | langkung suka Surapati | dene angrasa katrima | karyanira mring narpati | wastra dinumkên sami | ingangge sarowangipun | wastra lawan kancana | langkung sihira narpati | dene kathah ganjaranira sang nata ||

25. manggèn ing Anrangkusuman | apan wus sinungan panti | Surapati sarowangnya | cinadhong ing siyang ratri | dening rahadèn patih | sinuba-suba kalangkung | sawusira mangkana | antaraning lami-lami | kapiyarsa saking nagri Batawiah ||

26. yèn Ki Untung wus karuwan | suwita sarowangnèki | mring Sang Prabu Kartasura | malah wus silih wêwangi | aran Ki Surapati | ya ta wau kang winuwus | apan sampun bicara | sagung nayaka Kumpêni | ngandikan mring ngarsaning gurnadur jendral ||

27. miwah idêlèr pamungkas | wus prapta ing ngarsanèki | wus dadi ingkang bicara | anari para prajurit | sapa sanggup nglurugi | anyêkêl maring Ki Untung | agêng ingkang ganjaran | sarta jinunjung kang linggih | pra prajurit Kumpêni mopo sadaya ||

28. dene ta sampun kantênan | Ki Untung prawirèng jurit | jendral kalangkung kèmêngan | Dlèr Mur pêtêng ingkang ati | ya ta wontên Kumpêni | satunggil wijil wong agung | nanging maksih kapitan | trahing prajurit linuwih [linu ...]

--- 71 ---

[... wih] | bapakira kang bêdhah nagri Makasar ||

29. Kapitan Tak wastanira | punika ingkang nanggupi | nyêkêl ing Untung samana | jendral suka ing tyasnèki | ngakak angêntrog wêntis | sarwi nyandhak astanipun | Kapitan Tak saksana | binêktèng ngarsa tumuli | winor lawan pra kapitan kalih wêlas ||

30. umuk-umuk linarihan | marang sang jendral pribadi | tanapi radpêni bêsar | sadaya sami nglarihi | sampun sinung Kumpêni | kalih atus kang tinuduh | prasamya pêpilihan | myang wadya Makasar Bugis | sigra mangkat sampun binêktanan surat ||

31. saksana numpak ing palwa | mancal saking ing Batawi | tan winarna lampahira | ing lautan sampun prapti | Japara muarèki | baita sampun alabuh | mêntas Kapitan Êtak | sakumpêninya tan kari | langkung suka kumêndur kang nèng Japara ||

32. ri sampunira mangkana | ajidan sigra tinuding | angaturakên kang surat | jendral maring sri bupati | kinanthèn mantri kalih | Japara gya lampahipun | ing ênu tan winarna | prapta ing Kartasurenjing | kang jinujug Radèn Arya Sindurêja ||

33. sira Arya Sindurêja | sigra tumamèng jro puri | wus katur sri naranata | yèn surat saking Batawi | sang nata gya upèksi | sampun kadriya kang têmbung | sang nata angandika | mring Arya Sindurêja ris | lah Sindurja kayaparan budinira ||

34. iki layange si jendral | anjaluk Si Surapati | manêmbah matur Sindurja | yèn suwawi lan sang aji | inggih pun Surapati [Surapa ...]

--- 72 ---

[... ti] | buron Kumpêni satuhu | lêhêng tinêdhakêna | dados galihing Kumpêni | saupami paduka angêkahana ||

35. èmêng sang nata ngandika | hèh iya mêtua dhisik | timbalana yayi êmas | Dipati Pugêr dèn aglis | lawan Si Adipati | Madura Surapringgèku | sirarya Sindurêja | sigra nêmbah sampun mijil | sapraptane andhawuhakên timbalan ||

36. Pangeran Pugêr wus prapta | lawan punggawa kêkalih | Jangrana lan Cakraningrat | lajêng tumamèng jro puri | Sindurja kang pangirid | wus prapta ngarsèng sang prabu | mèsêm sarwi ngandika | hèh yayi mas adipati | payo kene yayi dèn kaparèng ngarsa ||

37. majêng Pangeran Dipatya | myang Dipati Surawèsthi | sri narendra angandika | paran karsanira yayi | layange jendral iki | Si Surapati jinaluk | Si Tak ingkang dinuta | anyêkêl Si Surapati | dene mêngko maksih ana ing Japara ||

38. lah yayi sira pikira | lan punggawanira katri | Dipati Sampang tur sêmbah | Jangrana tur sêmbah aris | yèn suwawi sang aji | tinêdhakakên pukulun | upami kinêkahan | amasthi yèn dados jurit | abdi dalêm Kumpêni kalawan Jawa ||

39. langkung èmêng sri narendra | kang rayi umatur aris | yèn kawula tan sambada | ature punggawa katri | apan pun Surapati | angabdi ing kaka prabu | dene mangke tinêdha | winastan dosa Kumpêni | tinurutan inggih tuwan têdhakêna ||

40. nanging abdi dalêm Jawa | sampun tumut angrencangi | angraman pun Surapatya [Surapa ...]

--- 73 ---

[... tya] | dimèn cinêkêl pribadi | apan pun Surapati | tan darbe dosa pukulun | inggih dhatêng paduka | yèn abdi dalêm ngrencangi | sayêktine anyikara tanpa dosa ||

41. pan punika bôngsa Islam | dene yèn mêksa Kumpêni | paduka angêlèsana | ngakêna tan darbe dasih | dhatêng pun Surapati | anane nèng nagriningsun | pan iku angawula | marang ing pêpatih mami | ana Anrangkusuman gènnya suwita ||

42. katujon sri naradipa | myarsa ature kang rayi | gumujêng sarya ngandika | bênêr yayi mas dipati | mangkono saur mami | kawrata ing angsul-angsul | de Kumpêni yèn mêksa | anjaluk Si Surapati | sun pundhute iya têka dèn cêkêla ||

43. hèh ta sira Sindurêja | payo mêtua dèn aglis | wèha wruh marang ajidan | mangkono timbalan mami | nuli tundhungên aglis | lan utusana sirèku | angatêr mring Samarang | lan pracayakêna maning | kang sun tuduh rumêksa marang Si Êtak ||

44. pangane ana ing marga | ya Si Rôngga ing Samawis | Arya Sindurja gya mêdal | sapraptanira ing jawi | ajidan dèn dhawuhi | ing timbalane sang prabu | wus pamit sigra mêsat | pan sampun wartèng Kumpêni | kang ajaga ing nagari Kartasura ||

45. tan kawarna solahira | ya ta wau sri bupati | alon dènira ngandika | hèh yayi mas adipati | sira sun srahi kardi | dhawuhna timbalan ingsun | lamun Si Surapatya | jinaluk marang Kumpêni | lan Si Anrangkusuma sun karya wayang ||

46. lan sagung [sa ...]

--- 74 ---

[... gung] para punggawa | padha undhangana yayi | kabèh kon awèh gêgaman | adhi mring Si Surapati | kang rayi nêmbah mijil | punggawa kalih tan kantun | sapraptanirèng jaba | Hyang Arka wus nitih ardi | sampun prapta pangeran ing dalêmira ||

47. sagunging para dipatya | dalu ingundhangan sami | marang dalêm Kapugêran | miwah sira radèn patih | myang Radèn Surapati | ing Kapugêran wus rawuh | tata sami alênggah | sagung kang para dipati | jêng pangeran andhawuhakên timbalan ||

48. hèh paman Anrangkusuma | timbalane sri bupati | yèn mêngko Si Surapatya | dèn jaluk maring Kumpêni | sira kinarya ringgit | yèn Ki Surapati purun | amagut dutaning kang | Kumpêni saking Batawi | Kapitan Tak mêngko ana ing Japara ||

49. nanging lagya ingandikan | dening kangmas sri bupati | kayaparan sanggupira | kalamun pinaran wani | nuli lungaa aglis | têka nagrine sang prabu | yèn sira wani nglawan | kakang prabu angidèni | amaringi kanthi iya maring sira ||

50. Ki Surapati tur sêmbah | dhuh gusti kula sang pêkik | sanadyan jendral praptaa | angriga wadya Kumpêni | dèn kêbak tanah Jawi | datan amiris ing sanggup | mangkya badan kawula | angsal idining raka ji | inggih sasat paripih kalawan jimat ||

51. lêbura awor pratala | wus kasêdyèng siyang latri | pêjaha awor si kopar | pintên bangginipun gusti | kawula manggih urip | yèn antuk barkat pukulun | rakanta myang paduka | mèsêm Pangeran Dipati | angandika dhatêng Radèn Nrangkusuma [Nrang ...]

--- 75 ---

[... kusuma] ||

52. hèh paman Anrangkusuma | sirèstu kinarya ringgit | milua salaku jôntra | maring adhi Surapati | ya ta rahadèn patih | sandika suka tyasipun | pangandikanya pangran | mring sagung para dipati | alah payo kabèh awèha gêgaman ||

53. iya ta sasukanira | pamilihe Surapati | Ki Surapati tur sêmbah | sampun liya saking kêris | Pangeran Madurèki | sampun nguncalakên dhuwung | dhapuripun supana | tangguhe Tuban sayêkti | pan tinarik marang Radèn Surapatya ||

54. pan sarwi alon turira | sampeyan pêparing kêris | sampun kêdaha bewara | paringa dhuwung kang alit | kang dhapur tilam upih | lawan kalamisan iku | myang sangu tumpêng ika | kula têdha pasopati | inggih pintên agênge siyunging ula ||

55. saksana sagung dipatya | samya suka dhuwung alit | kang sami titih kewala | ri sampuning sinung kêris | bubaran radèn patih | myang Surapati tan kantun | pan sampun atur sêmbah | sagunging para dipati | sarêng bubar saking dalêm Kapugêran ||

56. wau Radèn Nrangkusuma | wus prapta dalêmirèki | anulya lajêng gêganjar | marang prajurite sami | wastra kancana picis | Radèn Surapati sinung | sadaya wadyanira | sampun sinungan kêlambi | pan sangkêlat abang rinenda satêbah ||

57. sadaya lancinganira | prasamya sangkêlat kuning | pinanji rinenda pêthak | bêbênting cindhe jo sami | prasamya udhêng putih | gantya wau kang winuwus | duta ajidan prapta | ing Japara wus [wu ...]

--- 76 ---

[... s] apanggih | lawan Êtak tutur ing sasolahira ||

58. tuwin andikaning nata | Kapitan Tak sukèng galih | wus budhal saking Samarang | Ki Rôngga apan umiring | kang rumêksa ing margi | tundhan lawan panganipun | datan kawarnèng marga | ing Kênêr pan sampun prapti | ya ta rêrêm Ki Rôngga atur uninga ||

59. wus katur marang narendra | yèn Kapitan Êtak prapti | anèng Kênêr saha bala | rêrêb ngasokkên wadya lit | sang nata animbali | Sindurja ingkang tinuduh | karyaa pasanggrahan | ing Banyudana dèn aglis | yèn wus dadya Si Êtak sira undanga ||

60. sira Arya Sindurêja | pan sampun anandhang wêling | ngirid punggawa têtiga | ing Banyudana wus prapti | karya pakuwon dadi | sigra aputusan sampun | Ki Arya Sindurêja | ing wau mantri kêkalih | mring Ki Rôngga Êtak kinèn ngenggalêna ||

61. Kapitan Tak ingaturan | marang Ki Rôngga Samawis | saking ing Kênêr wus budhal | kawarnaa sri bupati | Dipati Surawèsthi | kinèn obong-obong dalu | pasowan kidul ika | saha surakira atri | loking kathah Surapati ngamuk rampak ||

62. ya ta wau lampahira | Kapitan Êtak wus prapti | Toyadana saha bala | ya ta wus apanggih nuli | lan Arya Sindurjèki | sadaya sarêng cumundhuk | binêktèng pasanggrahan | wus tata sami alinggih | Kapitan Tak alon dènira anabda ||

63. radèn manira dinuta | jendral myang para ratpêni | anuhun pun Surapatya | kyèh dosanya mring Kumpêni [Kumpê ...]

--- 77 ---

[... ni] | lan jendral angaturi | kintun renda myang baludru | punapa ta maksiha | kang aran pun Surapati | Radèn Arya Sindurja lon dènnya mojar ||

64. inggih taksih sring kêtingal | nanging si botên dêdasih | dhatêng gusti sri narendra | kang wasta Ki Surapati | wontên rêkyana patih | nênggih pangawulanipun | kala tuwan utusan | jendral angaturi tulis | sawingkinge pinundhut Ki Surapatya ||

65. karsane sri naranata | kasrahna dhatêng Kumpêni | pun Surapati bêbandan | nanging rahadèn apatih | sangêt dènnya ngukuhi | apan sêdya barêng lampus | lawan pun Surapatya | dadya bôngga ing narpati | lah punika Kumpêni botên miyarsa ||

66. yèn Radèn Anrangkusuma | mangkya mêngsah sri bupati | anglabuhi Surapatya | malah ta ing dintên wingi | sêdya angamuk puri | mêdal ing pasowan kidul | pan sampun ingobongan | yèn sampuna enggal prapti | jêng pangeran têtulung dhatêng kang raka ||

67. kadi kalampahan bêdhah | kadhaton ing dintên wingi | sira Tak grêgut miyarsa | têpiyonira binanting | sarwi anaut rawis | Kapitan Tak sarwi muwus | hèh Radèn Sindurêja | antinên sadina benjing | Surapati wus karêgêm ngastaningwang ||

68. apan sampun sinagahan | sagunging wadya Kumpêni | marang Arya Sindurêja | datan kawarna ing ratri | wuwusên sri bupati | animbali punggawa gung | kang rayi ingandikan | Pangeran Pugêr wus prapti | pan angirid sagunging para nayaka ||

69. sapraptanira ing pura | ing ngarsane sri bupati | dyan Surapati

--- 78 ---

ngandikan | lan radyan rêkyana patih | sinandi lampah silib | mêdal ing pasowan kidul | wus prapta ing jro pura | ing ngabyantara narpati | tuwin sagung para dipati sadaya ||

70. sang nata alon ngandika | hèh yayi mas Adipati | Pugêr paran karsanira | kang rayi matur wotsari | sumôngga ing narpati | kawula dhèrèk sakayun | nênggih pun Surapatya | tan gumingsir siyang ratri | pêjahipun katura paduka nata ||

71. sang nata malih ngandika | iya mêngkono ta yayi | Si Adipati Madura | kalawan Si Surawèsthi | karo ngong srahi kardi | dèn samapta sesuk esuk | anggusah Surapatya | dèn rame kanthaning jurit | wangsitana lan Si Arya Sindurêja ||

72. poma karo dèn abisa | akarya sandining jurit | ingsun pan arsa umiyat | yudane Si Surapati | lawan Si Êtak benjing | adunên ing alun-alun | pratiwa kalih nêmbah | rampung wêwêling narpati | Surapatya wau kang dinuk ing tingal ||

73. mangsah ing ngarsa narendra | pan sarwi tampi wêwêling | mangrêpa nêmbah suku sang | lèngsèr sing ngarsa narpati | miwah rahadèn patih | wus tampi pitungkas tuhu | rahadèn nulya mêdal | miwah sagunging dipati | Jêng Pangeran Pugêr mundur saking pura ||

Catatan kaki:

1. Sengkalan: toya muluk obah sêsangkane (1604 A.J., 1681/82 A.D.). (kembali)
Sengkalan: toya muluk obah sêsangkane (1604 A.J., 1681/82 A.D.).
2. Lebih satu suku kata: sampun rawuh sajroning nagari. (kembali)
Lebih satu suku kata: sampun rawuh sajroning nagari.
3. satunggil. (kembali)
satunggil.
4. Nama pupuh tambahan dari redaksi. (kembali)
Nama pupuh tambahan dari redaksi.
5. api. (kembali)
api.
6. tinggalên. (kembali)
tinggalên.
7. pun. (kembali)
pun.