12. Durma

1. tan winarna ing dalu wuwusên enjang | miyos sri narapati | munggwing sitibêntar | andhèr kang balakuswa | wong priyantaka saragni | wus munggwing ngarsa | anjaga ngapit-apit ||

2. wong atusan sumambung ing wuri aglar | samya samêktèng wèsthi |

--- 79 ---

jagabaya ngarsa | lawan wong nyangkragnyana | panyutra kalawan miji | wong anirbaya | nèng ngarsa sikêp bêdhil ||

3. patranala kalawan wong darmaita | maundara miranti | myang wong wirabajra | nala kanoman ika | kalawan patrayudèki | yudamanggala | ing ngarsa wong pinilih ||

4. kartayasa kalawan wong wisamarta | wong tanuastra sami | miwah wong jantaka | tan lali sikêpira | wong martalulut anangkil | singanagara | angubêng sri bupati ||

5. wong katagung gandhèk klawan mantri mudha | sangkêp ngarsa narpati | myang wong jagasura | tuwin wisa pracôndha | sasikêpira tan kari | kabayan ngarsa | gêdhong wuri narpati ||

6. pan sadaya sami samêktèng ayuda | sagung pratiwa jawi | anèng panangkilan | saha wadya siyaga | ing alun-alun abaris | ki arya ngucap | anggêpuk Surapati ||

7. wong Kumpêni kang ajaga Kartasura | pan sampun tur upaksi | marang Sang Dipatya | Sampang lan Surapringga | yèn anggêpuk Surapati | wadya Madura | lan wadya Surawèsthi ||

8. apan baris ing pasar sang adipatya | kêkalih munggwing loji | pan lajêng samana | maksih jaro kewala | sagung wong môncanagari | baris ing Sêndhang | dene wadya pasisir ||

9. pan sadaya baris warung wayu aglar | liya bupati kalih | kang amangku karya | Madura Surapringga | gantya wau kang winarni | Kapitan Êtak | lan Radèn Sindurjèki ||

10. apan sampun bubar saking Toyadana | sagung wadya Kumpêni | gumuruh

--- 80 ---

swaranya | ya ta Radèn Sindurja | pan sampun utusan mangsit | mring Sang Dipatya | ing Sampang Surawèsthi ||

11. sasampune panggih duta ing Sindurjan | lawan dipati kalih | ya ta Sang Dipatya | Madura Surapringga | asru ngucap ing Kumpêni | tuwan manira | arsa gêcêka aglis ||

12. maring Anrangkusuma nanging andika | barisa pôncaniti | angrêksa ing nata | sigra sami siyaga | sagunging wadya Kumpêni | pan sarêng budhal | lawan dipati kalih ||

13. kalih atus Kumpêni ing Kartasura | ing alun-alun prapti | wus baris malatar | wau kang kawuwusa | wadya Sampang Surawèsthi | lajêng lampahnya | gumrah kang têngara tri ||

14. pan anglurug marang ing Anrangkusuman | baris samana nênggih | wadya Surabaya | miwah wadya Madura | ing lêlurungnya wus prapti | bêdhol sadaya | Rahadèn Surapati ||

15. wadya kawan dasa golong tan apisah | miwah rahadèn patih | saha wadyanira | samya golong ing lampah | wong Surabaya nututi | lan wong Madura | prasamya anututi ||

16. ambêdhili wong Sampang wong Surabaya | nanging tan mawi mimis | pan obat kewala | sèwu ingkang sênapan | sarêng unine kang bêdhil | lir gunung rêbah | amor suraking janmi ||

17. prapta Ngasêm Kapitan Tak lampahira | kagyat miyarsa bêdhil | Arya Sindurêja | asru pangucapira | lah punika Surapati | kinarubut prang | Êtak asru dènnya ngling ||

18. alah nêdha Ki Sindurja dèn aenggal | age nulia jurit | lan Si

--- 81 ---

Surapatya | Arya Sindurja ngucap | tuwan manira pan ajrih | marang sang nata | yèn dika prang ing margi ||

19. apan ingkang pangandika sri narendra | asoa pôncaniti | wadya Kartasura | tuwan maksih akathah | ambêbujung Surapati | dèrèng kasoran | sampun age nulungi ||

20. nulya ana dutane Dipati Sampang | panggih lan Sindurjèki | duta aturira | kawula pan dinuta | ingkang raka sang dipati | atur uninga | lamun pun Surapati ||

21. dèn bêbujung mangalor gepak mangetan | andika dèn aturi | nuntên dipun enggal | lawan Kapitan Êtak | manawa pun Surapati | ngidul parannya | satêmah gêpuk puri ||

22. dika radèn ing alun-alun barisa | rakanta langkung watir | sigra Kapitan Tak | lan Arya Sindurêja | ginêlak lampahing baris | gumrah swaranya | ing alun-alun prapti ||

23. wus akumpul Kumpêni barise aglar | yèn tinon angajrihi | lor waringin kêmbar | wus samya sinêgahan | dawêgan kalawan cêngkir | wadya kèhira | kang catur wong Kumpêni ||

24. tigang taun gawane Kapitan Êtak | kalih atus wong Bugis | pônca tus Mêkasar | miwah Ambon punika | sira tan minggah manginggil | wusnya tabean | kalawan sri bupati ||

25. atur kêkintun sira gurnardur jendral | wus katur ing sang aji | ya ta Kapitan Tak | alon ing aturira | kawula dinuta gusti | pun kaki jendral | mikut buron Kumpêni ||

26. ingkang wontên ing nagri dalêm punika | lilah [li ...]

--- 82 ---

[... lah] paduka gusti | sang nata ngandika | lah iya dèn pracaya | apan ta Si Surapati | bôngga maringwang | ya bôngga mring Kumpêni ||

27. sarupane wong ingsun ing Kartasura | padha sun kon ngrewangi | milua ing sira | mau ingkang sun duta | bêbujung Si Surapati | wong ing Madura | lawan ing Surawèsthi ||

28. nanging sira Êtak aja lunga-lunga | nadyan maguta jurit | aja doh lan ingwang | manawa ta kasoran | wong Sampang wong Surawèsthi | Si Surapatya | têmah anggêpuk puri ||

29. sarêng mirsa Êtak andikaning nata | langkung suka ing galih | asru aturira | dhuh gusti sampun susah | yèn pun Êtak maksih urip | pun Surapatya | gêsang sasat ngêmasi ||

30. inggih gusti sampun munggwing astaningwang | Surapati abaik | nanti beta ajar | dhia punya kêpala | beta taruk bawah kaki | alatah-latah | sarwi angêntrog wêntis ||

31. wus tumurun Êtak saking sitibêntar | nindhihi barisnèki | ya ta Sindurêja | sigra dènnya utusan | marang sang dipati kalih | ing Surabaya | lan Pangran Madurèki ||

32. amangsita yèn Kapitan Tak wus prapta | ngalun-alun abaris | ya ta kawuwusa | wau Ki Surapatya | dèn bêbujung dèn bêdhili | ing Pepe prapta | gepak mangetan aglis ||

33. nurut kali Pepe tinurut mangetan | dene bupati kalih | sarwi binêdhilan | prapta Bungas bang wetan | gepak ngidul Surapati | myang radèn patya | ing Sêndhang kang dèn jogi ||

34. katêrajang barise môncanagara [mô ...]

--- 83 ---

[... ncanagara] | mawur malêdug ngisis | ya ta cinarita | wontên wadya Madura | lêlurah wong saragêni | kaku tyasira | aran Ki Konangpasir ||

35. Konangpasir angucap mring rowangira | akêsêl têmên mami | anggung bêburonan | alambang lêlumbungan | payo padha nganggo mimis | Tak kasap pisan | jinajal sigra bêdhil ||

36. rowangira Surapati siji kêna | kêna wêntise mati | angling Surapatya | wong Sampang liwat ala | amadal wêlinging gusti | wangsul saksana | ngilèn Ki Surapati ||

37. tinarajang wadya Sampang kapalajar | Surapati nututi | wontên kang kacandhak | têtiyang tinumbakan | wong Madura ingkang kanin | katur Pangeran | Madura sukèng galih ||

38. angandika mring Dipati Surapringga | hèh kakang Surèngwèsthi | iki olèh tôndha | iya kaparêng uga | wong manira nandhang kanin | wus winangsitan | wau Ki Surapati ||

39. pan tinuntun kang mati wong ing Madura | myang wadya Surèngwèsthi | mangilèn plajêngnya | binujung sinurakan | ing wadyane Surapati | myang wadyanira | wau rahadèn patih ||

40. Radèn Anrangkusuma tansah nèng wuntat | amomong Surapati | ya ta kawarnaa | wong Sampang kang lumampah | ing alun-alun wus prapti | gègèr saksana | kang baris pôncaniti ||

41. ya ta Radèn Sindurja wau punika | ingkang momong Kumpêni | asru dènnya ngucap | marang Kapitan Êtak | hèh tuwan paran karsèki | wadya Madura | punika wus kajodhi ||

42. miwah wadya Surabaya [Sura ...]

--- 84 ---

[... baya] wus kaplajar | kathah kang nandhang kanin | tan adangu prapta | wadyabala Madura | kang samya anandhang kanin | langkung ing ngarsa- | nira baris Kumpêni ||

43. Kapitan Tak mulat kalangkung bramantya | wadyane dèn abani | mukul tamburira | rolas pan sarêng munya | gumrambyang anggêgumyuri | wau kawarna | Rahadèn Surapati ||

44. kang bêbujung maring wadya Surabaya | ing alun-alun prapti | kang samya lumajar | lajêng mangilèn samya | ana kang umanjing puri | gêdhong pasowan | satunggal wus dèn basmi ||

45. Surapati pan sampun praptèng pagongan | tarab barise linggih | ya ta sri narendra | munggwing ing sitibêntar | ingadhêp dening para ri | katiga samya | munggwing ngarsa narpati ||

46. pan apacak baris kang wadya kaparak | rumêksa ing narpati | kanan kering aglar | ya ta wadya Sindurjan | lan wadyane pra dipati | ambêdhil samya | marang Ki Surapati ||

47. ingadêgan mring wadyane Surapatya | mawur lumayu ngisis | sira Tak bramantya | sigra ngabani bala | lêlumbungan wong Kumpêni | wong Jawa gumrah | otêr wong sanagari ||

48. wus aparêk Kumpêni awas tumingal | mring wonge Surapati | sigra ingabanan | Kumpêni sarêng mangsah | lir gêlap sèwu barungi | tambur gumêrah | bangkilung surak Bugis ||

49. maksih dhêdhêp Surapati saha wadya | ingêdrèl wanti-wanti | kukusing sêndawa | pêtêng lir ampak-ampak | ya ta Radèn Surapati | ngabani bala | sarêng umangsah jurit ||

50. wus anêmpuh Surapati ngamuk rampak [rampa ...]

--- 85 ---

[... k] | Kumpêni anadhahi | akuwêl kewala | kumrutug kang sênapan | pêtêng kukus anglimputi | pangêdrèlira | Kumpêni wanti-wanti ||

51. Radèn Surapati angamuk manêngah | lir banthèng tawan kanin | kabèh wadyanira | lir buta rêbut môngsa | wong patang puluh apipit | numbak amêdhang | anyuduk angakahi ||

52. wus akathah Kumpêni kang kamuk pêjah | kang wuri ambêdhili | Êtak langkung gusar | banting têpiyonira | ulat andik naut rawis | mêrakkên bala | umangsah ingkang wuri ||

53. apan kocap ing carita Kapitan Tak | datan cara Kumpêni | anganggo makutha | grudha rêp mungkur ika | têbah jaja anting-anting | lir Kumbakarna | agêng luhur ngajrihi ||

54. ramening prang sanjata lir ardi gêmpal | awor tambur barungi | Radèn Surapatya | sayah pangamukira | mundur prasamya alinggih | anèng pagongan | ana ngulati warih ||

55. ya ta wontên timbalan saking narendra | nêdha Ki Surapati | sampun kalayatan | Surapati turira | sandika aso rumiyin | sigra umangsah | Rahadèn Surapati ||

56. tinadhahan Surapati ing sanjata | Surapati mangungkih | nêngah sawadyanya | pan sampun sèlèh watang | rukêt gapyuk karo kêris | Ki Surapatya | liwung awuru gêtih ||

57. saya kathah Kumpêni kang kamuk pêjah | malah tan ngambah siti | angidak bêbathang | Rahadèn Surapatya | Êtak ingkang dèn prêpêki | apan kasangsang | ing mimis lir dèn soki ||

58. dhuwungira wolulas [wolula ...]

--- 86 ---

[... s] kang dèn curiga | Rahadèn Surapati | sabên-sabên angsal | sadasa gya binucal | gya asalin dhuwung malih | dangu mangkana | anggènira ajurit ||

59. sira Êtak mulat mobit tandangira | kapranggul ing ajurit | litnan narik pêdhang | anèng ngarsane Êtak | Bun Jaladri anadhahi | padha sudira | pêdhang kalawan kêris ||

60. pan sinuduk lutnan jajane tan pasah | kumrampyang kêrenèki | pinindho tan pasah | malês lutnan amêdhang | Bun Jaladri angingêri | gêgithokira | cinandhak saking wuri ||

61. pan kalumah Bandar Bèt wus kinakahan | ginorok wus ngêmasi | ramening ayuda | rukêt ulêng-ulêngan | akuwêl pêdhang lan kêris | sanjata pêjah | gêbug-ginêbug bêdhil ||

62. Surapati rukêt lan Kapitan Britman | sinuduk wanti-wanti | Britman datan pasah | sigra malês amêdhang | tan bucik Ki Surapati | gêlut saksana | udrêg banting-binanting ||

63. Surapati cinakot gulu iringnya | ginêbêg anglir anjing | Surapati gila | sakala pan lumajar | sêdhih dening idunèki | emut saksana | Rahadèn Surapati ||

64. patrêmira kinandhut nèng kanthong sruwal | ginagap pan kêpanggih | Britman winangsulan | ginoco gulunira | tatas pan sampun ngêmasi | upsirnya samya | kumrubut anulungi ||

65. nadyan wonge Surapati akèh prapta | dadya rame kang jurit | Bugis myang Makasar | prange akulithihan | mulat ing mungsuh agiris | Prabu Mangkurat | suka dènnya umèksi ||

--- 87 ---

66. Kapitan Tak mulat yèn Britman wus pêjah | bramantyane tan sipi | mandhegani bala | sakarine kang pêjah | Kumpêni atata baris | sarêng umangsah | sira Tak mobat-mabit ||

67. munggwèng ngarsa angamuk Kapitan Êtak | sagung wadya Kumpêni | ambyuk sarêng mangsah | tadhah Ki Surapatya | miwah rahadèn apatih | sarêng umangsah | wadya golong angungkih ||

68. sira Êtak sinosog ganjur tan pasah | winatang datan bucik | sigra anarajang | Rahadèn Surapatya | miwah rahadèn apatih | Ki Surapatya | Êtak kang dèn prêpêki ||

69. dyan ginoco Kapitan Tak datan pasah | pugêl pucuking kêris | Radèn Surapatya | sampun asalin kadga | panuduke wanti-wanti | Kapitan Êtak | tan pisan-pisan bucik ||

70. upasira Kapitan Tak kalih wêlas | Nurbus andêling jurit | ngêbyuk saking kanan | rinubung binêdhilan | wau Radèn Surapati | sarowangira | saya gingsir ing jurit ||

71. nèng pagongan atarab samya alênggah | Kumpêni ambêdhili | saking ing kadohan | datan wani parêka | sira Radèn Surapati | pan dhinawuhan | timbalaning narpati ||

72. Surapati nêdha sampun kalayatan | dinukan ing narpati | alon aturira | kyai inggih sandika | kenginga aso rumiyin | pan dèrèng suda | manahe ingkang abdi ||

73. lawan rencang punika wontên kabranan | arsa anginum warih | inggih tiga wêlas | ingkang sami kabranan | wong gandhèk gya wangsul malih [ma ...]

--- 88 ---

[... lih] | prapta ing ngarsa- | nira sri narapati ||

74. pan wong gandhèk sigra umatur sang nata | ature Surapati | wus katur sadaya | mèsêm sri naradipa | ngandika marang kang rayi | hèh ta adhimas | sayah Si Surapati ||

75. tuwanana payo yayi dèn akêbat | mênawa nêniwasi | sigra jêng pangeran | anêmbah ngaras pada | têdhak saking ing sitinggil | mring kamandhungan | kapanggih lan kang abdi ||

76. kamandhungan prênahe wong Kapugêran | wolulas kang pinilih | binêktèng pangeran | kinèn salin busana | kadya wonge Surapati | miwah pangeran | busananira salin ||

77. apan mindha kadya wonge Surapatya | kêmbar sawadyanèki | sigra jêng pangeran | mingêr ngilèn lampahnya | angalèr anjog masigit | wadya wolulas | tan pisah lawan gusti ||

78. nulya mêdal saking masigit mangetan | ing alun-alun prapti | ya ta Surapatya | awas dènira mulat | yèn Pangran Pugêr nulungi | sigra umangsah | wadya arêbut dhingin ||

79. Surapati angantêp pangamukira | miwah rahadèn patih | wong Kumpêni tadhah | ya ta kangjêng pangeran | saha wadya marêpêki | nalabung yuda | wus awor Surapati ||

80. jêng pangeran wus praptèng ngarsaning Êtak | dyan kinarubut bêdhil | pangran tan suminggah | sarwi angêmbat watang | Kyai Palèrèt kinardi | sigra pangeran | Kaptin Tak dèn larihi ||

81. jajanira kawatgata trus walikat | tiba datan ngulisik | wadya Kapugêran | wolulas [wolula ...]

--- 89 ---

[... s] ngamuk rampak | kadya banthèng tawan kanin | numbak Walônda | lir numbaki cêcindhil ||

82. têtumpêsan Kumpêni pating jalêmpah | tan ana môngga pulih | gêmpang ingamukan | mring wadya Kapugêran | myang Rahadèn Surapati | Kumpêni pêjah | wangke tumpang atindhih ||

83. wong Kumpêni winatara ingkang gêsang | salawe lan wong Bugis | sumyur pan lumajar | ya ta Radèn Sindurja | Kumpêni wus dèn tulungi | kang nandhang brana | binêkta maring loji ||

84. Surapati kalawan sabalanira | sadaya lir wong ngimpi | ya ta sri narendra | kang munggwèng sitibêntar | trustha angandika aris | tuhu prawira | iya Si Surapati ||

85. bocah gandhèk timbalana yayi êmas | lawan Si Surapati | Si Anrangkusuma | wong gandhèk atur sêmbah | wus mudhun saking sitinggil | wus tinimbalan | sira Pangran Dipati ||

86. lawan Surapati minggah sitibêntar | miwah rahadèn patih | praptèng ngarsa nata | asru dènnya ngandika | sarwi gumujêng sang aji | padha bagea | kang mêntas mangun jurit ||

87. hèh yayi mas anêmên dènira yuda | akrodha sun tingali | kang rayi tur sêmbah | apan timbalan tuwan | sayêkti kawula ajrih | yèn tan nêmêna | angguguk sri bupati ||

88. ingkang rayi pinatêdhan dhêdhaharan | jêram kalawan manggis | jambu lan sêmôngka | dhuku kalawan salak | katiga samya abukti | rahadyan patya | myang Surapati kingkin ||

13. Asmaradana

1. ngandika sri narapati | marang Radèn Surapatya | ya bangêt tarimaningong [tarimaning ...]

--- 90 ---

[... ong] | nanging sira angetana | nagarèng Pasuruan | sun ganjarake sirèku | ing kono sira lungguha ||

2. sira apacaka baris | anèng nagri Pasuruan | poma dèn prayitnèng gawe | sira sun paringi pangkat | bupati myang jênênga | Wiranagara Tumênggung | têlas timbalan narendra ||

3. anêmbah Ki Surapati | kalangkung panuhunira | ngandika malih sang katong | mring Radèn Anrangkusuma | iya sira milua | maring Pasuruan iku | kalawan Si Surapatya ||

4. tur sêmbah rêkyana patih | ing karsa datan lênggana | pan wus pinaring sangune | busana arta kancana | miwah Ki Surapatya | wus sinungan sangu sèwu | sang nata malih ngandika ||

5. payo mangkata tumuli | nèng dalan obong-obonga | anadene kang sun kongkon | ambêbujung marang sira | iya wong Surabaya | lawan wong Madura iku | miwah wong môncanagara ||

6. kêkalih sarêng wotsari | angaras pada narendra | katri Pangeran Pugêre | wus lèngsèr prapta ing jaba | panggih lan wadyanira | gênti wau kang winuwus | wong Sampang lan Surabaya ||

7. saking kilèn angêbyuki | ambêdhili sami surak | lir gunung jugruk swarane | myang wadya môncanagara | sadaya sarêng mangsah | Radèn Surapati wau | wus lorod sawadyanira ||

8. mangetan dipun bêdhili | samarga ngobongi wisma | pan ingêlud saparane | prange Surapati lan Tak | gajah lunga kawayang | nabi kawuwusa dalu | Kumpêni ingkang lumajar ||

--- 91 ---

9. kang samya kèndêl ing loji | pan ing dalu kesahira | bangun raina inggate | karainan anèng marga | tumpês dening wong desa | ya ta wau sang aprabu | enjing miyos siniwaka ||

10. pêpak sadaya kang nangkil | sagunging kang pra dipatya | pra satriya ing ngarsandhèr | Jêng Pangeran Pugêr seba | myang Pangeran Panular | Radèn Tapa anèng ngayun | sang nata alon ngandika ||

11. hèh yayi mas adipati | salungane si apatya | kang gêntènana lungguhe | apan ta Si Sindurêja | kang rayi atur sêmbah | inggih kalangkung jumurung | ing karsa paduka nata ||

12. kalawan maninge yayi | arinira Si Panular | pan wus liwat diwasane | iku sun sungi pêparab | Pangran Arya Mataram | lan lêlungguha wong sèwu | lawan arinta Si Tapa ||

13. iku padha sun paringi | limang atus lungguhira | kalawan adhi maninge | Si Paman Natakusuma | ingsun karya wadana | wong gêdhe wadananipun | kang rayi jumurung karsa ||

14. mupakat sami ngèstrèni | sagunging para dipatya | ing karsanira sang katong | gantya wau kawuwusa | Rahadèn Surapatya | ingkang maksih dèn bêburu | ing ênu datan winarna ||

15. ing Pasuruan wus prapti | sagunging para dipatya | kang bêbujung bali kabèh | ya ta Radèn Surapatya | kang anèng Pasuruan | wus têtêp dènira lungguh | tan ana pinalang driya ||

16. suyud nagri kanan kering | ing Bangil lan Prabalingga | ing Pajarakan wus dene | miwah Japan Wirasaba | ing Daham myang Sarêngat | ing Ngantang Winongan [Winonga ...]

--- 92 ---

[... n] suyud | seba marang Pasuruan ||

17. lèr wetaning ardi Wilis | ingobongan binahakan | apan wus dadi barise | ya ta sagung pra dipatya | môncanagara prapta | ing Kartasura wus katur | mring sang nata solahira ||

18. trustha tyasira narpati | ya ta ingkang kawuwusa | apan wus katur solahe | Kumêndur Sêlut Driyansah | kang anèng ing Japara | yèn Kapitan Êtak lampus | tumpês sakumpêninira ||

19. ayuda lan Surapati | nèng alun-alun dènnya prang | sêmana mênggak galihe | Kumêndur Sêlut Driyansah | sampun akarya surat | kang dinuta layar sampun | maring nagri Batawiah ||

20. mangkana ingkang winarni | Radèn Arya Sindurêja | pan sampun mêsat dutane | marang nagri ing Japara | saandikaning nata | kinèn prasamya angsung wruh | yèn Êtak tiwas ing yuda ||

21. miwah wadyaning narpati | akathah ingkang kabranan | myang mantri punggawa kabèh | kang duta praptèng Japara | katur kawitanira | maring ing Kumêndur Sêlut | Driyansah gya pinariksa ||

22. miyarsa têmbunging tulis | kumêndur èmênging nala | nanging tansah gebag-gèbèg | kang duta nulya tinulak | datan mawi wangsulan | samana ingkang cinatur | pan nagara ing Japara ||

23. wong Jawa lan wong Kumpêni | tan wontên saba-sinaba | butarêpan sadinane | wau duta ing Sindurjan | wus prapta Kartasura | katur marang sang aprabu | yèn Kumpêni sangêt mênggak ||

24. mangkana sri narapati | animbali pra dipatya | myang kang rayi

--- 93 ---

katigane | sapraptanira ing pura | wus munggwèng ngabyantara | sang nata ngandika arum | hèh yayi mas adipatya ||

25. paran karsanira yayi | dene si kumêndur êsak | iku yayi karsaningong | yèn ana kang dadi marga | bêcik yayi mas pisan | ilangna sêsukêr ingsun | Pangeran Pugêr tur sêmbah ||

26. yèn kenging amba ngaturi | sampun ngantosa punika | têmah ru-ara jagade | yèn cidraa ing wacana | lungsur ingkang darajad | yèn karsa paduka nuhun | asangêt atur kawula ||

27. nadyan ta punika kapir | tan kêna dèn cidranana | pan kapir rowang dununge | dene sampun kalampahan | têtulung ing paduka | de yèn wontên marginipun | sok sampun saking paduka ||

28. yèn wontêna margi malih | kadya kang sampun kalakyan | sakarsa paduka katong | dadya kang raka ngandika | yèn mangkono yayi mas | anaria punggawa gung | sapa kang sanggup ngêjuma ||

29. marang êsaking Kumpêni | pan agung ganjaran ingwang | payo pikirên dèn age | kang rayi tur sêmbah mêdal | miwah sagung dipatya | ing srimanganti wus rawuh | tan winarna solahira ||

30. sagung ingkang pra dipati | pasisir môncanagara | kang tinari sami mopo | wontên abdining narendra | lungguh mantri kaparak | Jiwaraga namanipun | punika kang nanggupana ||

31. katur ing jêng sri bupati | ingidèn gya lumaksana | amundhi sêrating katong | myang kêkintun warna-warna | datan kawarnèng marga | ing Japara sampun rawuh | Ki Ngabèi Jiwaraga ||

32. lajêng tumamèng jro loji |

--- 94 ---

| pêpikulan munggwèng ngarsa | nging kandhêg nèng jawi andhèr | kagyat Kumpêni umiyat | ya ta Ki Jiwaraga | pinapag marang Kumêndur | Sêlut Driyansah saksana ||

33. Ki Jiwaraga lingnya ris | tuwan manira dinuta | matêdhakakên sêrate | Jêng Gusti Sri Naranata | Prabu ing Kartasura | lawan punika kêkintun | inggih kuda sakêmbaran ||

34. lawan uwos pitung dhacin | lêmbu sèkêt lan marica | kumêndur gupuh anthuke | pan sarwi ambuka surat | pan sampun tinupiksa | wusnya kadriya kang têmbung | Kumêndur Sêlut Driyansah ||

35. dêngèngèk wacana aris | hèh ta Kyai Jiwaraga | apuranira sang katong | dene anggêga pawarta | binandhung lalawora | kula botên angrêmpêlu | ciptaa sak mring sang nata ||

36. pan kacatur tigang ratri | Jiwaraga nèng Japara | langkung panyuba-nyubane | Kumêndur Sêlut Driyansah | sampun akarya surat | sul-angsul konjuk sang prabu | sarya ngaturi rêruba ||

37. baludru renda myang gênis | kêstop pan sampun tinampan | Ki Jiwaraga nulya ge | mêsat saking ing Japara | datan kawarnèng marga | ing Kartasura prapta wus | katur marang sri narendra ||

38. Jiwaraga antuk kardi | pustaka konjuk sang nata | myang sadaya tur-ature | kang sêrat sampun kadriya | Ki Jiwaraga nulya | ginanjar mring sang aprabu | langkung suka sri narendra ||

39. apan kinarya bupati | pinatêdhan ing Japara | kinarya pramugarine | Kumpêni kang nèng Japara | sira Ki Jiwaraga | sinungan [sinung ...]

--- 95 ---

[... an] nama tumênggung | Ki Tumênggung Martapura ||

40. wus kinèn budhal tumuli | marang nagari Japara | datan kawarna solahe | Ki Tumênggung Martapura | apan sampun siyaga | lan saanak rabinipun | wus budhal marang Japara ||

41. ing marga datan winarni | cinêndhak praptèng Japara | kumêndur langkung sukane | marang Kyai Jiwaraga | jinunjung lungguhira | pan tinuduh karyanipun | Kumpêni pramugarinya ||

42. Tumênggung Martapurèki | wus têtêp dènira lênggah | anèng nagri Japarane | samana pan sampun lama | nagari ing Japara | bicarèng Kumpêni tutut | sawusira ing antara ||

43. ya ta wontên wong Kumpêni | ngambil ayame wong Jawa | kadarbe ayam tan awèh | saksana akêkêrêngan | Walônda ginêbugan | cinêkêl binônda sabuk | lajêng kinarya dolanan ||

44. mukane dèn lêlerongi | ing angus lan gêtah jarak | kunir ênjêt bacingahe | saparan dadya gêguywan | ya ta katur sêmana | dhumatêng Kumêndur Sêlut | Japara langkung runtiknya ||

45. kalangkung sakiting galih | mring Tumênggung Martapura | wus karya surat duta ge | mêsat saking ing Japara | marang ing Kartasura | datan kawarna ing ênu | wus prapta ing Kartasura ||

46. wus panggih lawan ki patih | Radèn Arya Sindurêja | pan sampun katur surate | sira Radèn Sindurêja | lajêng tumamèng pura | sampun katur mring sang prabu | yèn sêrat saking Japara ||

47. gya tinupiksèng narpati | têmbunging kanang supatra | anuhun sih sang akatong | Kumêndur Sêlut Japara | pêjahe Martapura | dosane apurun-purun [apu ...]

--- 96 ---

[... run-purun] | mring Kumpêni siya-siya ||

48. langkung duka sri bupati | nimbali sagung dipatya | myang kang rayi katigane | sapraptanirèng ngajêngan | ngandika sri narendra | yayi dèn kaparèng ngayun | payo sagunging punggawa ||

49. kang rayi majêng wotsari | myang sagung para dipatya | sri bupati ngandika lon | hèh yayi sira wêruha | layange Si Walônda | alane kalangkung-langkung | apawong sanak lan ingwang ||

50. dene ta awani-wani | anjaluk punggawaningwang | Si Martapura dosane | ingaranan siya-siya | iya marang Walônda | Kumpêni cinêkêl iku | apan kinarya kasukan ||

51. mêngko karêping Kumpêni | alane Si Martapura | kudu jinaluk maringong | dene yayi karsaningwang | iya Si Sindurêja | lawan Natakusumèku | Mangunonêng Suranata ||

52. Binarong sun duta sami | kalima marang Japara | anadene ing lakune | anaria Martapura | bab jinaluk Walônda | yèn dhèwèke wani ngamuk | kabèh iku nulungana ||

53. kang rayi matur wotsari | inggih sakarsa paduka | lamun amriha margane | sang nata asru ngandika | Arya Sindurja padha | gabahên bocahirèku | myang paman Natakusuma ||

54. miliha wong bêcik-bêcik | pan nora kudu akathah | kang yogya prawira tanggon | miwah sira Suranata | padha anggêgabaha | Si Mangunonêng sirèku | Binarong padha dèn yitna ||

55. kalih sarêng atur bêkti | sang nata malih ngandika | hèh Sindurêja dèn age | nulya angsul-angsulana | duta saking Japara | munia ing sasi besuk | patine Si Martapura [Martapu ...]

--- 97 ---

[... ra] ||

56. sira kang sun kon nindaki | matèni Si Martapura | amêpak punggawaningong | lawan kabèh kanthinira | munia jroning layang | Arya Sindurja wotsantun | wus mêdal saking jro pura ||

57. sapraptanira ing jawi | pan sampun akarya surat | wus sinungkên duta age | gya mêsat duta Japara | datan kawarnèng marga | ing Japara sampun rawuh | lan kumêndur sampun panggya ||

58. wus sinung sêrat narpati | mring kumêndur tinupiksa | kalangkung suka galihe | Kumêndur Sêlut Japara | ngundhangi para wadya | dèn samakta saha suguh | yèn prapta dutaning nata ||

59. sampat mangkana winarni | sampun dhatêng ing antara | tumanggap gantya sasine | Radèn Arya Sindurêja | apan sampun sanega | miwah kang punggawa catur | sadaya sami sawega ||

60. asaos ing pôncaniti | tan adangu ingandikan | lajêng tumamèng kadhaton | wus praptèng ngabyantarendra | bêkta punggawa lima | atampi pitungkas sampun | kalima sami tur sêmbah ||

61. sarêng dènira umijil | sapraptanira ing jaba | lajêng budhal sawadyane | gêgamane warna-warna | ing marga tan winarna | gancanging lampah wus rawuh | nênggih nagari Japara ||

62. Tumênggung Martapurèki | sampun caos pasanggrahan | munggwèng ing alun-alune | kumêndur sampun miyarsa | yèn dutèng nata prapta | dadya Kumpêni amêthuk | samana sampun apanggya ||

63. kalawan rahadèn patih | wusnya tundhuk têtabean | anulya lajêng lampahe | ing alun-alun wus prapta | wadya Kumpêni urmat | sanjata lir gunung rubuh | tambur gumuruh swaranya ||

--- 98 ---

64. lajêng umanjing jro loji | Radèn Arya Sindurêja | myang punggawa sakancane | Kumêndur Sêlut Japara | langkung anyuba-nyuba | Radèn Sindurêja muwus | manira tuwan dinuta ||

65. dening gusti sri bupati | prakawis pun Martapura | inggih kasraha pêjahe | nanging karsane sang nata | nadyan silih pêjaha | wontêna ngarsanirèku | ing benjing manira bêkta ||

66. yèn sampun prapta ing loji | pun Tumênggung Martapura | andika sêndhal dhuwunge | poma andika samêkta | manira gih wiweka | manawi niwasi kewuh | pun Martapura digdaya ||

67. marma sami ngati-ati | sagung prajurit manira | sira bêktaa maring jro | rumêksaa pakênira | kumêndur langkung suka | sru nuhun atur sêsuguh | pracayane sri narendra ||

68. angling Radèn Sindurja ris | tuwan lilah pakênira | manira arsa amondhok | angantosakên kang wadya | ya ta kumêndur sigra | angatêrakên ring pintu | wus praptèng têpas wangunan ||

69. miwah sagunging bupati | sadaya wus masanggrahan | datan antara praptane | suguhe Ki Martapura | anggili jêjodhangan | ing ari datan winuwus | arka wus nitih ancala ||

70. ing wau ingkang winarni | Ki Tumênggung Martapura | ingandikan mring pondhoke | agunêm lawan ki patya | miwah catur punggawa | Radèn Arya Sindurjèku | ngandika mring Martapura ||

71. hèh Martapura sirèki | jinaluk marang Walônda | timbalan dalêm maringong | miwah mring catur punggawa | yèn sira wani nglawan | ingsun kinèn milu ngamuk | kalawan sakancaningwang ||

72. Pangran Natakusuma [Nata ...]

--- 99 ---

[... kusuma] ris | inggih adhi Martapura | yèn besuk prapta loji jro | yèn pakênira cinandhak | kabèh kakang rinira | nora tega kabèh ngamuk | yèn sira wani anglawan ||

73. barêng lêbur barêng mati | bupati kalawan sira | Martapura sru ature | yèn makatên kang timbalan | inggih purun kawula | wuwuha Kumpêni sèwu | kawula datan suminggah ||

74. amêngsah lawan pun kapir | pundi ênggènnya kapanggya | ngrangsanga balowartine | pan inggih purun kawula | anêdya sabilolah | alah silih raganingsun | mati bubukên kewala ||

75. angur ngamuka Kumpêni | yèn matyantuk marga mulya | sarya anampèl wêntise | suka punggawa kalima | miyarsa sanggupira | Ki Martapura ambrubul | ing dalu datan winarna ||

76. ya ta kawuwusa enjing | punggawa samya sanega | Radèn Sindurja wadyane | satus ingkang pêpilihan | kang badhe sarêng pêjah | kang arsa binêkta ngamuk | dene wadya kathah-kathah ||

77. badhe munggwèng jawi loji | Pangeran Natakusuma | salawe pêpilihane | kang badhe sabaya pêjah | Tumênggung Suranata | sawidak santananipun | kang samya tumut palastra ||

78. Ki Mangunonêng amilih | wong ing Pathi kawan dasa | kang yogya barêng lêbure | Ki Binarong pilihannya | antuk wong salawe prah | kang badhe tumut malêbu | ing loji sabaya pêjah ||

79. Tumênggung Martapurèki | amilih wong kawan dasa | wadya Japara nom-anom | kang samya dinulangmangap | badhe nglabuhi pêjah [pê ...]

--- 100 ---

[... jah] | Radèn Arya Sindurjèku | sampun angrasuk busana ||

80. dhuwung sakawan cinangking | kalima cundrik punika | kang minôngka cêcothène | Pangeran Natakusuma | mangking dhuwung têtiga | Kyai Gupita ing ngayun | cinothe munggwèng adhakan ||

81. Tumênggung Suranatèki | sakawan curiganira | Ki Kêbyuk munggwèng cêcothèn | Ki Mangunonêng nyuriga | dhuwunge kang wasiyat | Tumênggung Binarong sampun | amangking dhuwung pusaka ||

82. Pangran Natakusuma ngling | hèh sanak-sanak manira | poma ywa kongsi têlangke | anêdha bubuh-bubuhan | pangagêng nijènana | kapitan myang litnanipun | aja kongsi adhi lurah ||

83. tumut tumandang ngawaki | iku wakiling narendra | dene kumêndure ingong | ingkang aduwe bubuhan | ywa liyan kang nyuduka | wus dadya pacanganipun | kêris ingsun si gupita ||

84. mèsêm rahadèn apatih | pangeran nuhun kawula | dene gêng sih pamarmane | nanging ta badan kawula | ênggih môngsa kantuna | lawan sampeyan angamuk | sarênga sabaya pêjah ||

85. ya ta kang para dipati | samya ngaturkên prasêtya | ajanji sarêng lêbure | wau sampun asiyaga | wadya kang pêpilihan | samya sikêp pêdhang suduk | wênèh tumbak cêcebolan ||

86. umangkat rahadèn patih | kalawan catur punggawa | wadya prayitnèng kewuhe | Ki Tumênggung Martapura | apan kinèn ngantuna | mangkya radèn patih rawuh | ngloji lir paksi sarkara ||

14. Dhandhanggula

1. sukèng driya kumênar nampèni [na ...]

--- 101 ---

[... mpèni] | jawat asta lan para cundaka | kawistara sukèng tyase | satata lênggah sampun | ngiras pantês anganti-anti | Martapura wus lama | datan wontên muncul | marma dyan Patih Sindurja | nuduh marang Tumênggung Suranata glis | nimbali Martapura ||

2. sampun mêsat marga tan winarni | praptèng dalême Ki Martapura | kamantyan ngungun galihe | dene sakèhing pintu- | pintu samya dipun kancingi | Suranata bramantya | asru nguwuh-uwuh | pagene atutup lawang | nêdha enggal wêngakna kularsa panggih | lawang nulya binuka ||

3. Martapura api-api gêring | angêlugur kêkêmul rinômpa | ing anak miwah rabine | Suranata sru muwus | lah pagene andika adhi | tan nusul kalemahan | Martapura muwus | sarwi andhrodhog wèl-welan | alim dika kawula sawêg panastis | nyuwun mugi pamitna ||

4. Ki Tumênggung Suranata bêngis | adhuh bok aja kakehan ujar | asaru dèn rungokake | sun arani wong buruh | sira iku dadi priyayi | atimu kêlab-kêlab | sanggupe kumruwuk | praptaning môngsa ubêngan | nora patut lir dudu trahing wong bêcik | lah mangkat apa ora ||

5. gawe repote ki lurah patih | lamun wangkot mêngko ingsun têndhang | tinuwêk kapisan bae | Martapura lwih takut | dhêrakalan cêkekal tangi | dandan lawan wèl-welan | ambêkane ngangsur | saksana sarêng umangkat | Martapura kalawan punggawa kalih | myang wadya pêpilihan ||

6. tan adangu lampahira prapti [pra ...]

--- 102 ---

[... pti] | Ki Tumênggung Suranata lawan | ngirit Ki Martapurane | kalihnya sarêng mangsuk | wusnya tabe lunggwèng ing kursi | Pangran Natakusuma | asru dènnya muwus | baya adhi Martapura | lagya ewuh bêburuh amikul pitik | suwe nora na prapta ||

7. wontên lutnan andêlirèng jurit | wus winangsit kinèn nglarihana | marang Ki Martapura ge | dyan anglarihi gupuh | Martapura dènnya nanggapi | gumêtêr astanira | lutnan mingsêr sampun | ingkang kiwa nyêkêl talam | kanan nyandhak kêrise Martapura glis | sinêndhal sing lêmpèngnya ||

8. kêna siji kasêlak nginggati | samya ngadêg sagunging punggawa | myang Kumpêni ngadêg kabèh | Martapura lumayu | têbah jaja rahadèn patih | Pangran Natakusuma | ngusap jajanipun | Ki Tumênggung Suranata | Mangunonêng Binarong kinèn nututi | Martapura kacandhak ||

9. kapêgatan dening wadya Jawi | Martapura sampun sinudukan | ajur mumur kuwandane | Suranata sru muwus | sêsuwèkên pakakna anjing | sigra kang wadya Dêmak | anyênyêmpal sampun | ing jisime Martapura | Suranata kinèn sira jêjarahi | mring wismèng Martapuran ||

10. sarayate wus dèn rêrayahi | rajabrana cinacahkên samya | ananggênah ing wadyane | Ki Suranata wangsul | sakancane marang ing loji | kumêndur kang winarna | langkung sukanipun | muwus mring Radèn Sindurja | latah-latah kumêndur dènira angling | radyan nyana kawula ||

11. Martapura ambôndakalani | botên andimpe yèn janma rucah |

--- 103 ---

atêbih lan piangkuhe | tur ta radèn puniku | ngati-ati bêkta prajurit | ngandika radyan patya | sarya sru gumuyu | panyana kawula wangkal | kala dhingin duk maksih alungguh mantri | wontên ing Kartasura ||

12. Jiwaraga dahat nglêlanangi | kumêndur saya alatah-latah | yèn makatên tuwan radèn | nyolong pêthèk puniku | pan kasaru wau duk prapti | Tumênggung Suranata | lan sakancanipun | katur Radèn Sindurêja | yèn isining wisma sampun dèn jarahi | nak rabi binoyongan ||

13. katur sêrat kêkitir donyèki | nanging maksih rinêksèng pandhapa | miwah saanak rabine | rinêksa ing wadya gung | para Dêmang Grobogan Pathi | Rahadèn Sindurêja | mojar mring kumêndur | hèh sudara jêngandika | manawi ta wontên kang dipun karsani | tilare Martapura ||

14. ingkang warni busana myang bini | sira kumêndur ngrêrêpa mojar | ingkang botên-botên radèn | pan kagunganing ratu | yèn nuhuna kawula ajrih | Kumpêni wus kalintang | trima kasihipun | dhatêng gusti sri narendra | pan kawula dèrèng sagêd amangsuli | sagunging kabêcikan ||

15. radèn patih angandika aris | dhawuhakên andikaning nata | hèh sudara lan malihe | timbalane sang prabu | aprakara Si Surapati | mangkya nèng Pasuruan | madêg barisipun | bêbahak môncanagara | sri narendra amundhut wadya Kumpêni | amukul Surapatya ||

16. ingkang badhe tinuduh ing kardi | kang minôngka senapatyèng yuda | Adipati [Adipa ...]

--- 104 ---

[... ti] Madurane | lawan ing Surèngkewuh | ngirid sagung wadya pasisir | wulan ngajêng punika | nênggih angkatipun | yèn wis dadya kang pirêmbag | pakênira ing benjang kintuna tulis | pasthine ing ubaya ||

17. kumêndur alon dènnya nauri | yèn makatên rahadèn kawula | arsa kengkenan samangke | tur uning mring gurnadur | yèn karsane sri narapati | mundhut bantu Walônda | kinarya amukul | marang nagri Pasuruan | Radyan Arya Sindurja jumurung kapti | wus bubar masanggrahan ||

18. tan winarna solahirèng nguni | Radyan Arya Sindurêja lawan | catur punggawa lamine | nèng Japara nêm dalu | duk samana sampun apamit | bubar mring Kartasura | saha wadyanipun | kumêndur tur-aturira | mring sang nata sagunging kang pèni-pèni | kabêkta mring rahadyan ||

19. tan kawarna solahirèng margi | sira Radyan Arya Sindurêja | myang punggawa sakancane | praptèng Kartasuresuk | pan wus katur mring sri bupati | kalima ingandikan | tumamèng kadhatun | sapraptanirèng ngajêngan | tur pranata sira rahadèn apatih | miwah catur punggawa ||

20. katur sadaya marang narpati | lampahira duk anèng Japara | Martapura sasolahe | gumujêng sarya ngungun | angandika sri narapati | mring Rahadèn Sindurja | anak putunipun | Martapura biratana | ingsun datan arsa angakua dasih | bèbète Jiwaraga ||

21. ya ta radèn patih awotsari | ngaturakên sagunging bicara | myang kumêndur tur-ature | wus katur sang aprabu | radyan patih

--- 105 ---

tur sêmbah mijil | saking jroning kadhatyan | myang punggawa catur | nêngna ingkang kawuwusa | Panêmbahan Kajoran kang anèng wukir | kidul mangkya abôngga ||

22. duk bêdhahe nagari Kadhiri | pisahira lawan Trunajaya | panêmbahan mangilène | wong bang wetan kèh tumut | padhusunan môncanagari | mantuk marang Kajoran | mangkana winuwus | wau sira panêmbahan | amiyarsa saking nagari Matawis | duk prangirèng ngalaga ||

23. maksih umadêg anèng Matawis | ing Kajoran ginitik ing yuda | panêmbahan sakawone | ngungsi mring Wukirkidul | satêpine ing jalanidhi | dening kasrakatira | nèng guwa manêkung | sawusira lama-lama | panêmbahan ing mangkya umadêg baris | kêkuwu nèng Malabang ||

24. wong Gunungkidul samya ginait | wus sumuyud marang panêmbahan | sampun andadi barise | nèng Malabang kêkuwu | cucuking prang sampun ngudhuni | abaris ing Kalasan | samya ngirub-irub | kanan kering ing Kalasan | pan sadaya ing Pogok dipun gêcêki | suyud sakèh wong desa ||

25. sampun katur mring sang nata aglis | langkung duka gya kinèn mukula | ingkang tinuduh ing gawe | Dipatya Surèngkewuh | Ki Tumênggung Jangrana aglis | bubar saking nagara | saha wadya umung | gumrah wadya Surapringga | tigang èwu prajurit angati-ati | datan kawarnèng marga ||

26. ing Karangasêm Kalasan prapti | duk samana campuhing ayuda | wong Gunungkidul tandange | binendrong bêdhil sumyur | dèn byuk tulup kalawan lêmbing | datan [data ...]

--- 106 ---

[... n] wontên kang tahan | pan kathah kang lampus | gusis lumayu sar-saran | sakarine kang pêjah lumaywèng wukir | katur mring panêmbahan ||

27. yèn sampun kawon cucuking jurit | dening Ki Jangrana Surabaya | wong ardi wus kathah longe | panêmbahan winuwus | duk samana lagya siniwi | marang kang para lurah | lurah Wukirkidul | atarap munggwèng ngayunan | panêmbahan samana apasanggiri | pratignya ing ayuda ||

28. panêmbahan angandika aris | anak putu padha timbalana | sun karya pasanggirine | asor ungguling pupuh | nulya kinèn nyambêlèh aglis | kang sata kinèn mangga | wus matêng pinundhut | pinêcêl wus dèn sêsêmpal | panêmbahan wau angandika aris | yèn sata mêngko gêsang ||

29. pasthi ana ungguling ajurit | dyan ginêtak pêcêl munggwèng panjang | pêcêl mulya saba manèh | sata mibêr kaluruk | panêmbahan ngandika malih | lah iku pan pratôndha | mênang yudanipun | kabèh anak putuningwang | yèn ayuda anêmpuha aja wingwrin | myat lungiting warastra ||

30. dene sira yèn palastrèng jurit | ingsun gêtak ya mangkono uga | mati bisa urip manèh | mungsuh kalamun lampus | pasthi tulus mati sayêkti | aja awalang-driya | kabèh wadyaningsun | tuwin anak putuningwang | mênèk kêna ing gêgaman aja miris | nolèha nuli waras ||

31. prawiranya samya sukèng galih | lan maninge besuk yèn ayuda | padha aloka mêngkene | payo pêpêthut larut | pasthi mungsuhira sru wingwrin | andulu

--- 107 ---

marang sira | katon dhas sapuluh | mungsuh kawon kapalajar | iya payo sêdhênge umagut jurit | wadya samya tur sêmbah ||

32. wontên ingkang kinarya têtindhih | kêkasihe Ki Rôngga Dhadhapan | pan sinêbul bun-bunane | sinung turôngga sampun | pun Pamulang wastaning wajik | sarwi kinèn wêwuda | nèng luhur kudèku | sawusnya siyaga budhal | gêdhe tyase kasuranya gêgirisi | gumuruh surak-surak ||

33. tan kawarna ing marga wus prapti | wadya Gunung bumi Pamasaran | wuwusên wau barise | Dipati Surèngkewuh | myarsa bantu kang mungsuh prapti | wadya ing Surabaya | sudhiya amêthuk | kang ayun-ayunan yuda | ing Kalesan arame campuhing jurit | wong Kidul ngamuk rampak ||

34. Rôngga Dhadhapan ingkang nindhihi | nitih kuda pan sarwi awuda | wong Kidul mangkya surake | payo pêpêthut larut | wadya Surabaya bêdhili | nanging tan ana munya | kêkês manahipun | sira Ki Rôngga Dhadhapan | maring ngarsa sêsumbar lir durga ngêrik | mawur wong Surabaya ||

35. prajuritnya nir kasurannèki | wadya Gunung anglir singa lodra | galak mulat ing mangsane | akathah ingkang lampus | wadyèng Surapringga dèn ungsir | angilèn lorotira | amenggok mring Wanglu | ingungsir malih lumaywa | pan mangalèr ing Cèpèr atata baris | wadya ing Surapringga ||

36. anata baris undhang wong cilik | Pangran ing Wôngga ingkang kinarya | wong desa gêgunungane | lawan wontên bêbantu | saking Kartasura kang prapti | sèwu wadyèng Madura | pan sampun akumpul | wong Gunungkidul [Gunungki ...]

--- 108 ---

[... dul] samana | anèng Wanglu gènira apacak baris | nungkul ingkang kèdêkan ||

37. Kya Tumênggung Jangrana winarni | apan arsa umagut ing yuda | wus sadhiya prajurite | bubar kang wadya umung | baris Wanglu arsa ginitik | datan winarnèng solah- | irèng marga rawuh | ing Wanglu campuh kang yuda | ramening prang adhadhal wong Surawèsthi | kanan kering arahan ||

38. kang wadyèng Sampang ngamuk mangungkih | sanjatanya sadaya amunya | wong Kidul pêngkuh yudane | samyalok pêthut larut | saha ngamuk nusup kukusing | sanjata wadyèng Sura- | baya wuri ambyuk | miwah kang wadyèng Madura | pan anglikung inginêban saking wuri | wadyèng Gunung kèh pêjah ||

39. wus kalindhih lumayu angisis | sira Rôngga Dhadhapan kesisan | binendrong ing sanjata kèh | ngurugan pasêr busur | Ki Dhadhapan nanging tan kêni | nèng luhur kuda nginthar | wong Surabaya nglud | sakarine ingkang pêjah | wadyèng Gunung prasamya angungsi malih | akêmbul nèng Malabang ||

40. sira Rôngga Dhadhapan wus prapti | ing ngarsane Panêmbahan Rama | anungkêmi ing padane | atur sasolahipun | panêmbahan asru dènnya ngling | lah babo wadyaningwang | ywa sungkawèng kalbu | maksih kèh upayaningwang | angumpula mêngko ingsun pasanggiri | asor ungguling yuda ||

41. sira padha janjia pribadi | mêngko marang pasanggiriningwang | panêmbahan mundhut lele | sajodho prapta sampun | wadya samya kinèn janjèni | mangkana wuwusira | hèh lele sirèku | lamun tulus gusti mênang | sira padha bisaa mènèk kêrambil | nungsunga maring papah ||

--- 109 ---

42. punang lele sru ginêtak aglis | dening panêmbahan lele mêsat | mènèk kêlapa angrèkèl | sapraptanirèng luhur | panêmbahan ngandika malih | lah payo tilikana | kang ingatag gupuh | atur sêmbah mènèk nulya | praptèng papah lele sajodho kapanggih | amuntêl anèng tapas ||

43. kang amènèk mudhun praptèng siti | katur lele muntêl anèng tapas | para wadya enggar kabèh | gantya ingkang winuwus | Kya Tumênggung Jangrana prapti | ingkang manglud ing mêngsah | saha balanipun | wong Gunung gègèr sadaya | kanan kering Malambang kang dèn barisi | warnanên panêmbahan ||

44. têtêp anèng Malambang bêbiting | wong Gunung samya ngungsi Malambang | muwêr sajroning bitinge | panêmbahan kawuwus | apan lagya siniwèng dasih | sira Rôngga Dhadhapan | nêmbah sarwi matur | gusti mêngsah ingkang prapta | ingkang ngêpang pabarisan lèr puniki | pun Tumênggung Jangrana ||

45. kang tinuduh wetan ambarisi | dening Jangrana wadyèng Madura | mantri catur têtindhihe | lan wadyèng Surèngkewuh | tigang atus ingkang atunggil | kilèn tiyang Arahan | têtindhihe laku | inggih wadyèng Surapringga | tigang atus lawan rakanta ing Wangsi | jêjênêng munggèng wuntat ||

15. Pangkur

1. panêmbahan angandika | hèh Dhadhapan sira maguta jurit | ênya iki pêcut ingsun | anggonên ing ayuda | arêpêna ing mungsuh dènira mêcut | pasthi mungsuhira rumab | kêkês dulwèng sira wingwrin ||

2. iya sun môngsa tegaa | ing ayuda ingsun arsa udani | bok anaa ingkang lampus | ingsun arsa anggêtak | pasthi nulya [nu ...]

--- 110 ---

[... lya] urip maning wadyaningsun | kang wadya sami anêmbah | kawan atus winatawis ||

3. saksana kang wadya budhal | sira Rôngga Dhadhapan kang nindhihi | pan sarwi amundhi pêcut | munggèng wurining wadya | Ki Tumênggung Jangrana nêdya tinêmpuh | gumrêgut tandanging bala | ya ta wadya Surawèsthi ||

4. umiyat kang mungsuh mêdal | saking biting sudhiya ing ajurit | Ki Tumênggung Jangrana wus | angrasuk prajuritan | atêngara suraking wadya gumuruh | kirab wadya Surabaya | wus ayun-ayunan jurit ||

5. wadya Gunung nêmpuh rampak | Ki Dhadhapan nêmpuh saking ing wuri | wong Surabaya tumanduk | samya têmpuh ing yuda | wadyèng Arga samya alon pêthut larut | kêkês wadya Surabaya | sanjata tan ana muni ||

6. wau Panêmbahan Rama | pan amomong munggèng wurining baris | arya kêkalih tut pungkur | saha kêkutug mênyan | prapta angin silir-silir sarta lesus | ing payudan alimêngan | kêkês wadya Surawèsthi ||

7. wadya Madura miyarsa | wus sanega saking wetan ngêbyuki | nanging samya kêkêsipun | tuwin wadya Arahan | saking kilèn sarêng dènira anêmpuh | gumrah swaraning kang yuda | prapta udan awor angin ||

8. kang wadya samya arumab | Ki Dhadhapan anêmpuh saking kering | wong Surabaya kèh lampus | miwah wadya Madura | wong Ngarahan samana samya binuru | wadya Ngarga yudanira | lir andaka tawan kanin ||

9. kasaput dalu samana | kang ayuda prasamya mundur aris | amakuwon kalihipun | ing dalu kawarnaa | Panêmbahan Rama siniwèng wadya gung | munggèng sanggar pamêlêngan [pamêlêng ...]

--- 111 ---

[... an] | Rôngga Dhadhapan nèng ngarsi ||

10. panêmbahan angandika | hèh Dhadhapan benjing yèn sira jurit | kaya nora kongsi nêmpuh | marang sariranira | tuwin marang wadyanira kabèh iku | kaya uwis dening gêlar | gêlar ingsun benjing-enjing ||

11. alang-alang sun gêtaka | iku dadya manusa milu jurit | akèh kadulu ing mungsuh | mungsuh giris umiyat | ingkang wadya sadaya enggar wotsantun | kunêng gantya kawuwusa | Ki Tumênggung Surawèsthi ||

12. ing dalu apagunêman | kang tanaya sadaya munggèng ngarsi | miwah para mantrinipun | tuwin mantri Madura | myang Ngarahan Ngawôngga pan sampun rawuh | Kêkonang lan ing Pacalan | Têmbayan kang dèrèng prapti ||

13. sira Tumênggung Jangrana | angandika hèh sanak-sanak mami | paran iki wêkasipun | yèn manggung mangkenea | kaya nora sampurna ing sapta tèngsu | yèn mêngkono karêp ingwang | ing ayuda sun awaki ||

14. aja anganggo pangawat | sarupane nunggala lawan mami | Pangeran ing Ngawônggèku | Pacalan lan Kêkonang | ing Têmbayat anaa ing wuriningsun | sampun kêdah magut yuda | ingong dhewe kang ngawaki ||

15. umatur Pangran Ngawôngga | pan pun adhi Têmbayat dèrèng prapti | pun adhi mindêl puniku | têdah ngawaki dhawak | sawarnine inggih sanak-sanakipun | tinêkakakên kawula | nanging maksih kula iring ||

16. kados sontên benjang-enjang | dhatêngipun lawan botên pun adhi | Tumênggung Jangrana muwus | nadyan botên dhatênga | pan sapala yèn ngantosana puniku | jêr puniku wus akathah | sêntananya [sênta ...]

--- 112 ---

[... nanya] kang wus prapti ||

17. pan kawula benjang-enjang | arsa magut yuda angruruh biting | wong Gunung êndhase sèwu | môngsa ingsun mirisa | dika pangran dèn pênêd muji ing pungkur | dèn kathah sêsuhun dika | ing kêkêse wadya mami ||

18. yèn ta maksih katingalan | nadyan silih matia bisa urip | sok sampuna bisa mabur | datan kêna tinumbak | yèn ta maksih nèng dharat wuwuha sèwu | môngsa ingsun ginggangana | maksih uga tarung kêris ||

19. wong ingsun ing Surabaya | para mantri miwah pra kadang mami | ing ayuda sesuk-esuk | aja doh lawan ingwang | pilihana wadya têka patang atus | sayogya barêng antaka | lan wong ingsun talangpati ||

20. ing ratri datan winarna | wusnya enjang sudhiya kang prajurit | miwah ing Ngarga pan sampun | siyaga magut yuda | mêdal saking pambitingan wadya umung | têtunggul Rôngga Dhadhapan | senapatining ajurit ||

21. panêmbahan anèng wuntat | pan amomor lan panakawan kalih | Ki Tumênggung Jangrana wus | bubar sing pamondhokan | saha wadya swaranira sru gumuruh | pan sampun ayun-ayunan | sarêng nêmpuh ing ajurit ||

22. sira Tumênggung Jangrana | munggèng ngarsa dharat ngawaki jurit | Pangeran Ngawôngga pungkur | Kêkonang lan Pacalan | samya muji donga swaranya gumuruh | wau Tumênggung Jangrana | ngabani wadya sinêlir ||

23. wadyèng Surabaya mangsah | wong Madura ngamuk sami mangungkih | wong Arga nadhahi pêngkuh | sira Rôngga Dhadhapan | munggèng ngarsa mobat-mabit pamukipun | arame gènira yuda | sirna kêkêsing ajurit ||

24. wadyèng Arga

--- 113 ---

tandangira | tan awingwrin miyat warastra lungit | lir singa lodra dinulu | gurune munggèng wuntat | Panêmbahan Rama sarwi akêkutug | pan sampun karsaning Suksma | pangabaran tanpa dadi ||

25. sanjata wus samya munya | wadyèng Surapringga ambyuk bêdhili | ingudanan pasêr busur | wadyèng Gunung kèh pêjah | maksih panggah wadyèng Madura gumulung | pira kadare wong Arga | ingurugan ing pêpati ||

26. panêmbahan dulwèng wadya | anggêlasah kadya babadan pacing | ginêtak-gêtak tan bangun | ambêdhol alang-alang | dyan sinêbar tan wontên kadadyanipun | apan maksih alang-alang | Ki Dhadhapan angêmasi ||

27. dèn byuki ing ganjur watang | Ki Dhadhapan kuwandanya wor siti | panêmbahan awas dulu | gya manjing pambitingan | amung kantun wadyastha ingkang tut pungkur | wus atangkêp korinira | panêmbahan nulya nêpi ||

28. kang kari wus jinaganan | awurahan pra wadya ing jro biting | prajurit Surabaya nglud | ing biting wus kinêpang | binêdhilan wadya jro gègèr gumuruh | kang wadya tumpês ing rana | somahe sadaya nunggil ||

29. jro biting kang tangis umyang | panêmbahan wau ingkang winarni | amêgêng napas amêsu | anikêl pôncadriya | tan antawis pangraose kang andulu | panêmbahan mulya jaka | nulya na kadulu malih ||

30. sarare pangon gêngira | tan antara katingal sabêbayi | nulya musna tan kadulu | sagunge kang angêpang | wadya Surabaya sadaya samyantuk | mangungkih mangrurah jagang | bètèng sampun dèn unggahi ||

31. puyêngan jroning bitingan | tinumpêsan [tinumpê ...]

--- 114 ---

[... san] wong lanang ingkang kari | myang rare alit kang kantun | yèn lanang pinêjahan | wong wadone sadaya wus kinèn ngumpul | binoyong binêkta mêdal | pakuwone gya binêsmi ||

32. brastha wus pakuwonira | sinêngkalan duk bêdhahe ing Wukir | trus sirna obahing ratu |[1] wau ta kawarnaa | dyan Tumênggung Jangrana pan arsa kondur | sagunge kang bêboyongan | wus kinèn bêkta kariyin ||

33. Tumênggung Jangrana bubar | saking Arga kang kinèn angantuni | Pangeran ing Ngawônggèku | Pacalan ing Kêkonang | tinagênah[2] maksih atugur nèng ngriku | ujêr panêmbahan musna | mênawa umadêg malih ||

34. ing ênu datan winarna | lampahira Ki Jangrana wus prapti | nagara Kartasuresuk | wus katur sri narendra | sasolahe wau ta jêng sang aprabu | miyarsa trustha ing driya | boyongan binêktèng puri ||

35. sira Tumênggung Jangrana | wus ginanjar arta busana adi | ya ta wau sang aprabu | kang rayi tinimbalan | sigra Pangran Adipati Pugêr sampun | sumiwi ngarsaning raka | ngandika sri narapati ||

36. yayi mas paran kang karsa | aprakara lakune si dipati | wus janji lan si kumêndur | prakarèng Pasuruan | lamun ingsun mundhut bala Walandèku | amukul ing Pasuruan | lan dèn pêrcayakkên malih ||

37. kang sun tuduh ing ayuda | punggawèngsun Madura Surawèsthi | ngirid pasisir sadarum | kang rayi atur sêmbah | yèn suwawi ing karsa wau sang prabu | lêhêng nuntên linampahan | inggih pun dipati kalih ||

38. gampil wuri panggihana | inggih lawan pun Kumpêni ing benjing | wontên ing

--- 115 ---

paran pukulun | sadaya umangkata | pun Kumpêni pasthine mêdal ing laut | sri naradipa ngandika | iku karsaningsun yayi ||

39. mêksih kaya dhingin uga | uwong roro iku sun karya sandi | duk Jêpara durung Ontung | alane kang sun karya | Jiwaraga wijile wong abêburuh | karya lingsêming nagara | nisthèng sang karya bupati ||

40. yayi nisthaning narendra | yèn akarya punggawa jrih ing pati | watêking wong ajrih lampus | wani panggawe cidra | durung prapta ing tekad ngawula ratu | apan jênênging manungsa | tan bisa miliha pati ||

41. watarèng sun yayi mangkya | pan wus agêng kondhange Surapati | pêpantêse iku wuwuh | yèn ora kawanguran | ingkang rayi Pangran Pugêr awotsantun | lah sintên ingkang puruna | bladhahkên karsèng narpati ||

42. lah suwawi tinimbalan | pun dipati ing Sampang Surawèsthi | kinèn siyagèng prang pupuh | sang nata sigra duta | animbali mring Apatih Sindurjèku | lawan Adipati Sampang | têtiga ing Surawèsthi ||

43. punggawa katri wus prapta | ing ayunanira sri narapati | sri narendra ngandika sru | hèh yayi ing Madura | atanapi adhi Surabaya iku | ngrabasaèng Pasuruan | ngirida wadya pasisir ||

44. lan wadyèngsun Kartasura | sapratêlon milua mring sirèki | nanging aywa salang-surup | ing karya nata gêlar | tangkêbing prang kang kadi andaka liwung | mangliwung nêdya lêburan | lawan mungsuh rêbut pati ||

45. mung batin padha elinga | yèn pêrangmu mungsuh Si Surapati | iku prang sulap liripun | kadi kang wus kalakyan | mung sêdyaa angadu bae sirèku [si ...]

--- 116 ---

[... rèku] | Surapati lan Walônda | marma angsahmu ing jurit ||

46. sira kudu ngêntènana | satêkane wadya Kumpêni dhihin | sadaya kang tampi dhawuh | nêmbah matur sandika | gya ngandika sang nata mring Sindurjèku | Sindurêja ing Japara | ingsun paringakên mangkin ||

47. marang Si Sêcanêgara | nanging poma aywa pêpekèng wèsthi | nulya ulihêna gupuh | gawaa surat ingwang | ingkang dhawuh iya marang si kumêndur | yèn punggawa ngong wus bubar | kang rumêksa ing ajurit ||

48. satêkane ing Japara | adandana Si Sêcanêgarèki | anulya sumusul laku | marang ing Pasuruan | sarampunging pitungkas gya awotsantun | Radèn Arya Sindurêja | mêdal saking dalêm puri ||

49. myang Pangeran Adipatya | Pugêr sampun mêdal saking jro puri | punggawa kalih pan sampun | mangaras ing suku sang | Adipati Madura ing Surèngkewuh | sapraptaning dalêmira | angundhangi kang prajurit ||

50. samya siyagèng ayuda | kawarnaa wau radèn apatih | sampun animbali gupuh | marang Sêcanêgara | dhinawuhan timbalanira sang prabu | yèn nagara ing Jêpara | pinatêdhakakên mangkin ||

51. anuhun Sêcanagara | saha kinèn umangkata tumuli | marang nagri Jêparèku | sarta ambêkta surat | sêrat dalêm kang dhawuh marang kumêndur | Tumênggung Sêcanagara | gya mêsat saking nagari ||

52. tan winarna lampahira | kawuwusa Dipati Madurèki | lawan ing Surapringgèku | sawusnya asanega | bubar saking ing Kartasura gumuruh | miwah wadya Kartasura | sapratêlon kang umiring ||

53. pinalih lampahing bala | ingkang mijil êlèr wadya [wa ...]

--- 117 ---

[... dya] pasisir | dene ta kang ngirid laku | tênaya ing Madura | Radèn Dêmang Pasisir wêwanginipun | kang mijil môncanagara | sira kang dipati kalih ||

54. gantya wau kawuwusa | Ki Tumênggung Sêcanagara prapti | ing Jêpara wus atundhuk | lawan kumêndur agya | sêrat dalêm pinatêdhakakên sampun | kumêndur atampi surat | sigra dènnya nupiksani ||

55. mirsa dhawuhing nawala | langkung suka kumêndur angundhangi | maring rad Kumpêninipun | siyaga ing ayuda | wus angandhang munggèng ing pacalangipun | miyat sêkoci lan wangkang | ingkang têksih angantosi ||

56. duta ingkang dèrèng prapta | minta bantu saking nagri Batawi | marma rêmbên angkatipun | cinêndhak kang carita | wadya bantu saking Batawi wus rawuh | datan lama nèng Japara | sigra sumusul ing jurit ||

57. tan winarna solahira | gantya kocap wontên janma linuwih | jroning cipta kumacèlu | bangkita madêg nata | amêngkoni rat Jawa sinuhun-suhun | marma dahat banting raga | mati sajroning ngaurip ||

58. mratapa nèng Wanatara | prênah buyut Ki Gêdhe ing Magiri | marmanya tapa ing ngriku | anut margèng wirayat | Kyai Gêdhe Wanakusuma ranipun | pangraose kalbunira | pitung turun gênti waris ||

59. dene kala patêmbayan | anèng ngriku marma anut lêluri | gènnyarsa mangun kaprabun | duk kala buyutira | kesahira saking Wanatara iku | pan kinarya pêpardikan | dening Sultan Pajang nguni ||

60. pinarnah têpèng samodra | Wukirkidul wong satus dèn dhukuhi | Ki Wanakusuma wau | lami dènnya atapa | anèng [a ...]

--- 118 ---

[... nèng] Wanatara arsa madêg ratu | sangêt ambanting sarira | atmajanira kêkalih ||

61. kang sêpuh Jayalêlana | Radèn Jayaparusa kang taruni | mangkana wau winuwus | Radèn Jayalêlana | pan rinimuk marang ing pamomongipun | dhuh radèn lamun sêmbada | wus sêdhênge ngrêbut puri ||

62. mupung nagri Kartasura | samya suwung sagung wadya pasisir | mring Pasuruan anglurug | miwah wong Kartasura | sapratigan inggih kang tumut anglurug | suwawi dika marêka | ing rama dika kiyai ||

63. nadyan si botên rêmbaga | ipèn kula radèn ing wau ratri | kados wus mêsthi puniku | andika madêg nata | wus kailo ing sangkal bolong puniku | mêlompong gawang-gawangan | yèn andika mangku bumi ||

64. ngling Radèn Jayalêlana | lah tuturên ipenira duk nguni | asru matur Kartigarut | andika kang katingal | nitih liman ginarêbêg ing wadya gung | saengga kadya wong ngarak | andika dèn pêpaèsi ||

65. cahya andika lir wulan | panglong pisan mangsane andhadhari | kawula umiring pungkur | tumamèng Kartasura | datan wontên katingalan wadya mêthuk | mung bèbèk arak-arakan | ngisis katêrajang baris ||

66. dupi arsa praptèng pura | pan kawula radèn kasêlak tangi | nuntên swara kapyarsèku | hèh sêdhêng magut yuda | Radèn Jayalêlana condhong ing kalbu | sigra marêg ingkang rama | ri Jayaparusa ngiring ||

67. duk prapta ngarsaning rama | atur sêmbah wau tanaya kalih | dhuh rama kawula ayun | mamrêp ing Kartasura | rama mupung ing nagari mangkya suwung | kang rama alon ngandika | durung ungsum suta mami [ma ...]

--- 119 ---

[... mi] ||

68. nadyan si besuk sangkêpa | yèn wus ungsum pan ingsun datan ajrih | wuwuha punggawa sèwu | ingsun môngsa girisa | nanging mangke sutèng ulun durung ungsum | tanaya kalih amêksa | kang rama sru mêmalangi ||

69. ingsun iki pan wus tuwa | iya sira kang ingsun bêbakali | kurang saturunan iku | pan lagi nênêm nyawa | lan maninge durung têrang ing pandulu | payo padha tutugêna | gonira amangun tèki ||

70. dilalah karsaning Suksma | suta kalih tan kêna dèn palangi | yèn kawula sampun ungsum | amung idi paduka | umbul-umbul waring kang kawula suwun | kang kanggya magut ing yuda | dene wasiyating swargi ||

71. apan sampun karsaning Hyang | Kyai Gêdhe Wanakusuma gampil | saksana tunggul pinundhut | sinimpên ana kothak | dyan binuka kang kothak munya jumêglug | bul-umbul waring umêsat | mring wiyat datan kaèksi ||

72. jêtung Ki Wanakusuma | adhuh nyawa paran karsanirèki | dene umbul-umbul mumbul | kang putra atur sêmbah | pan dilalah tan purun nèng kawulèku | yèn tampi kawula arja | dene mumbul ing wiyati ||

73. yèn tunggul maksih nèng dharat | ilapate maksih asor ing jurit | sarêng punika pan mumbul | pratôndha unggul ing prang | wus sêdhênge rama kawula umagut | tanaya kalih umêksa | tan nêdya kondur ing pati ||

Catatan kaki:

1. Sengkalan trus sirna obahing ratu (1609 A.J., 1685 A.D.). (kembali)
2. tinanggênah. (kembali)