Babad Mantaram

--- [0] ---

R. Ng. Wôngsadilaga

Babad Mantaram Sultan Ngulaga[1] dumugi pjahipun Trunajaya.

--- [1] [1] ---

1. Asmarandana

1. purwaning tyas nawung brangti | panêdhakirèng pustaka | Babad Mantaram karsane | anênggih Kangjêng Pangeran | Arya Cakradiningrat | jinugag panêdhakipun | nalika jumênêngira ||

2. Sultan Ngalaga Mantawis | srat babad panêdhakira | anuju Sêtu dinane | ping slawe prah wulan Arwah | Hèhe windu sangara | yèn ing surya mangsanipun | lagya rêndhênging kêsanga ||

3. pawukonira nujoni | wuku gumbrêg môngsa dhêstha | pan maksih jaman wartane | sêngkalanira ingetang | nênggih sêngkêranira | dipôngga Girining ratu | nagari ing surakarta ||

4. panêdhakirèng kintaki | babade nagri Mantaram | nalika pun jumênênge | Kangjêng Sultan ing Karapyak | kang sinêmbah Ngalaga | nêgih[2] nagari Mantarum | Kitha Agêng kadhatonnya ||

5. sampun jumênêng narpati | ing Mantaram awibawa | mantri agung suyud kabèh | miwah ingkang kulawarga | tan wontên kang cawêngah | amung putra kang pambayun | ingkang cawêngah ing driya ||

6. Adipati Pugêr nênggih | sadhèrèk pambayunira | Pangran Pugêr kang pangraos | kalamun nora sêmbada | anèng nagri Mantaram | sang nata alon amuwus | alah kaki Môndaraka ||

7. kangjêng rama Mangkubumi | kadipundi karsa dika | dene pun kakang karsane | Pangeran Pugêr punika | sêdyane kakang êmas | kêdah jumênênga ratu | cêcangkok nagri priyôngga ||

8. ing Dêmak dipun karsani | kêdah wisma anèng Dêmak | punika kangmas karsane | Pangran Mangkubumi ika | Dipati Môndaraka | ingkang prasami umatur | gih ki jêbèng atur ingwang ||

9. pan tinurutan anênggih | sakarsane raka dika | samya tinantunan kabèh | wong agung kang tuwa-tuwa | prasami nulusêna | Pangeran Pugêr puniku | pantês têtandhon nagara ||

--- [2] [2] ---

10. gancanging caritanèki | Pangeran Pugêr saksana | mring Dêmak wau karsane | nulya jumênêng dipatya | anèng nagari Dêmak | lan sakulawarganipun | wus jinunjung lungguhira ||

11. ênêngna datan winarni | kocapa sri naranata | ing Mantaram kadhatone | sineba wadya punggawa | ya ta nalikanira | wontên ingkang rayi wau | kêkalih samya diwasa ||

12. ing mangkya jinunjung linggih | kalawan Ki Mas Têndoga | jinunjung linggih arane | Dipati Pugêr namanya | miwah ari pamêkas | awasta Ki Mas Kêdhawung | arine waruju pisan ||

13. pan sampun jinunjung linggih | Dêmang Tanpanangkil ika | pan sampun jumênêng karo | ênêngna nagri Mantaram | kawarnaa ing Dêmak | Pangeran Pugêr puniku | pêpatihira satunggal ||

14. nênggih dipati ing Gêdhing | ing Dêmak wau sineba | Pangran Pugêr ing Dêmake | pêpak mantri kang sewaka | miwah para santana | prasamya jêjêl supênuh | andhèr lir prawata sêkar ||

15. salèr gunung Kêndhêng sami | wus kerup dening wong Dêmak | singa bôngga iku kang wong | rinayah rajadarbèknya | Dipati Pugêr Dêmak | tan seba dhatêng Mantarum | mring kang rayi sri narendra ||

16. pirang taun laminèki | Pangeran Pugêr ing Dêmak | datan seba ing karsane | dhatêng ing rayi sri nata | ing cipta sêdya owah | ênêngêna tan winuwus | wau ta Natèng Mantaram ||

17. miyos sineba pra mantri | sang nata wus ingaturan | yèn ing padesan kabèh[3] | salèr ardi Kêndhêng ika | sampun kerup mring Dêmak | sang nata ngandika asru | wruhanira wong ing Dêmak ||

18. nadyan dèn irupa sami | saloring Kêndhêng pra desa | miwah kidul Kêndhêng

--- [3] [3] ---

kabèh | salor gunung Kêndhêng iya | ingsun tan arsa cêgah | iya ing pangidhêp ingsun | iya kangmas iya ingwang ||

19. ya ing Dêmak ya Mantawis | inggih kaki Môndaraka | punapa kaki karsane | yèn suwawi karsa dika | kakang mas Pugêr Dêmak | kula aturi tumanduk | dhatêng nagari Mantaram ||

20. kula lami tan kapanggih | langkung ing sumêlang kula | lawan kula pasrah kabèh | salèr ardi Kêndhêng ika | kula pasrah ing Dêmak | lan sakidul wukir iku | samya ngidhêpa mring Dêmak ||

21. ing mangke kawula ajrih | wêwêlinge ingkang swarga | sintên miwitana awon | sampun amanggih raharja | Dipati Môndaraka | alon dènira amuwus | gih jêbèng kula sêmbada ||

22. lah ki jêbèng Mangkubumi | lah ki jêbèng Singasêkar | puniku sami karsane | dadya prasamya angucap | sadaya tan prayoga | ing atur kawula wau | kawula têdha patuta ||

23. ri sampunnya mangkanèki | sri narendra ing Mêntaram | anulya utusan age | matur mring kang raka Dêmak | tan kawarna ing marga | prapta ing Dêmak tumanduk | ki dipati tan lumampah ||

24. enggal carita wus prapti | wus katur sri naranata | nanging tan lumampah age | ing wasana ping sakawan | dènira aputusan | arsa ngrêbut jênêng ratu | anèng nagara ing Dêmak ||

25. sri bupati ing Mantawis | ing mangkya amêpak bala | sang nata ngandika alon | wruhanira wong Mêntaram | si kakang Pugêr ika | ayun gêguyon lan ingsun | anyoba kuwanèn ingwang ||

26. Dipati Mandraka angling | hèh ki jêbèng karsa dika | punapa ngawaki dhewe | andika dhatêng ing Dêmak | yèn pênêdipun uga | sampun dika tumut-tumut | sampuna dening santana ||

27. sri naranata lingnya ris | undhake karsa manira | panggiha pun kakang dhewe | Adipati Puger ika | adawa yèn kawarna [ka...]

--- [4] [4] ---

[...warna] | angadêg gêgamanipun | sêsungute ing ayuda ||

28. nulya bubar tan asari | gêgamane wong Mêntaram | tan winarna ing lampahe | wus prapta nagri ing Dêmak | sampun ayun-ayunan | campuring rana gumuruh | kadya ombaking samodra ||

29. pan long-linongan kang jurit | surake kadi ampuhan | têngara umyung swarane | gumêr lir karêngèng wiyat | Dipati Gêndhing Dêmak | kasambut rana ing pupuh | mustaka nulya tinigas ||

30. kasoran prang Dêmak sami | Dipati Panjêr kesinan | Dipati Panjêr sira ge | ajrih tumuli lumajar | binuru katututan | wus binônda winayuyung | Adipati Panjêr ika ||

31. Dipati Dêmak puniki | saksana ngawaki ngrana | sêdyane angamuk dhewe | wus prapta anèng ngayunan | kesisan dening bala | Pangran Pugêr sigra ngamuk | tandange lir singha rodra ||

32. para Dipati Mêntawis | kang katrajang bubar-bubar | sakalangkung prakoswane | tan ana braja tumama | langkung prawiranira | punggawa Mantaram agung | prasamya angagêm canggah ||

33. Pangran Pugêr nêmpuh aglis | nulya sinosog ing canggah | kinêpung punggawa rame | rêbah gya sinikêp sigra | anulya pinusara | cinde kêmbang tangsulipun | binêkta mring pasanggrahan ||

34. Sri Naranata Mêntawis | saksana anulya budhal | saking pasanggrahan bodhol | umantuk dhatêng Mantaram | Dipati Panjêr ika | tinuwêg anèng dêlanggung | jisime binuwang jurang ||

35. aglising carita prapti | têpis iringing Mantaram | enjang wau ing praptane | Dyan Pangeran Pugêr ika | sawadyabalanira | pinarnah wontên ing Kudus | pinarnahakên saksana ||

36. anênggih kilèn masigid | Pangeran Pugêr wismanya | ingkang anak putu kabèh | sadaya samya tut wuntat | sami priya sêdaya | anênggi[4] sêngkalanipun | rêksa paksa tata jalma ||

37. sri bupati ing Mantawis | lagya miyos siniwaka | Lurah Ganjur ing wastane | nênggih Ki Kadamastaka | tinanêm [ti...]

--- [5] [5] ---

[...nanêm] nagri Dêmak | sarta sinungan jêjuluk | Ki Tumênggung Suranata ||

38. wau ta Sultan Mantawis | tan ana sumêlangira | eca kang manah kabèhe | wontên kang raka satunggal | kêkutha wus prayoga | sajroning Mantaram iku | Pangeran ing Jagaraga ||

39. kathah ingkang wayah mangkin | tumut Pangran Jagaraga | ingkang kinarya pamomong | awasta Pangeran Rôngga | priyayi ing Karanggan | mantri jagani pakêwuh | Ngabèi Malangsumirang ||

40. lan Ki Panji Wirabumi | lan Ngabèi Nayahita | lan para lêlurah kabèh | awasta Suranggamrêta | lawan pun Gêniroga | katigane Ki Lumayu | sakawanipun Ki Sapta ||

41. kaping gangsalipun nênggih | awasta pun Alahuga | kaping nême ing wastane | lêlurahe Ki Andaka- | prana lawan Ki Singa | Ki Darpa lan Singaranu | Ki Sumêngit kaping sanga ||

42. Mantri Kajêragan nênggih | kandhaga lante sêkawan | lêlurah sêkawan kabèh | prasami apirêmbagan | kalawan kancanira | sêmunipun datan patut | dhumatêng Sunan Mangkurat ||

43. dadya ingkang para mantri | samya rêmbag marang Dêmak | Pangeran Rôngga karsane | pamomone Kajêragan | sampun angajak nêmbah | sigra sami lolos dalu | prasamya têlas sadaya ||

44. priyayi Jêragan sami | angungsi dhatêng sang nata | miwah para lurah kabèh | pan samya ambyuk sadaya | ngaturkên pêjah gêsang | sami tinampanan sadarum[5] | dening Sang Nata Mantaram ||

45. Pangeran Jaraga nênggih | angrasa kaduwung ing tyas | dene cawêngah karsane | ing parentah sri narendra | angraos yèn kapiran | tinilar mring mantrinipun | gêgêtunira kalintang ||

46. dadya ing nalika enjing | prapta utusan sang nata | kandhaga lante kathahe | sadaya binêdhol sigra | wau kang samya prapta | anulya binêkta mantuk | dalême jinarah têlas ||

47. Pangeran Jaraga aglis | anulya

--- [6] [6] ---

binêkta medal | saking jro Mêntaram age | binêkta mangulon ika | amung awak sapata | pinarnah masigid wau | anèng kanan nora lama ||

48. anulya ingalih malih | pinarnah ing pulo liyan | ing pulo Brambang namane | kidul kilèning Mantaram | sêmana sinêngkalan | tanpa guna gati wau | dèn samya èngêt ing nala ||

49. nêngêna datan winarni | kocapa Rajèng Mantaram | miyos sineba wadyandhèr | pêpakan para punggawa | sri narendra ngandika | hèh sakèhe wong Mêntarum | pirsakêna ujar ingwang ||

50. sakathahing wong Mêntawis | padha sira pirsakêna | sasedane ramaningong | singa ingkang sêdya ala | aywa nêmu raharja | lawan paman Rôngga iku | lan si kakang Kajêragan ||

51. ri sampuning lami-lami | Pangran Mangkubumi ika | apêputra wolu kaot | langkung sihe sri narendra | jinunjung lungguhira | jumênêng dipati iku | Sokawati jênêngira ||

52. pangeran ing Sokawati | Ki Mas Pêthak namanira | wus jinungjung lêlungguhe | sampun jumênêng dipatya | sampun sinungan prênah | anèng nagara Madiyun | têtêp jumênêng dipatya ||

53. sarta sinungan pêpatih | nagri Madiyun samana | suyud satôndhamantrine | pangeran ing Singasêkar | puputra jalu pelag | Radèn Wijil wastanipun | jinunjung ing lungguhira ||

54. wasta Arya Wiramantri | pinarnah ing Pranaraga | amutêra sakathahe | ing nagara Pranaraga | ri sampunnya mangkana | para sêntana sêdarum | sadaya sinungan prênah ||

55. kang raka sri narapati | kêkasih Pangran Juminah | punika ta panggulune | kang raka sri nara nata | putranipun satunggal |

--- [7] [7] ---

pan sampun jinunjung lungguh | nama Dipati Balitar ||

56. miwah saprakara malih | Adipati Môndaraka | sakawan kèhe putrane | têtiga kang sami priya | èstri namung satunggal | punika wuragilipun | wondene kang atuwa[6] ||

57. Pangran Maduraka nênggih | punika ingkang atuwa | wondene kang panggulune | Pangeran Juru wastanya | Wirapraba punika | Pangran Jurukithing iku | punika ingkang panêngah ||

58. wuragilipun pawèstri | akrama angsal dipatya | ing Batang ika ênggone | Pangeran Madurarêja | putranipun sakawan | kêkalih jinunjung lungguh | dene putra ingkang tuwa ||

59. ingkang asêpuh pribadi | Pangeran Madurarêja | anadene ingkang anom | ran Pangeran Upasanta | sigêgên ta sêmana | ing mangkya ingkang winuwus | Pangeran ing Upasanta ||

60. atmajanipun sang aji | punika ingkang winarna | pan cinatur sadayane | putranipun pan lêlima | èstri ingkang satunggal | catur ingkang jalu-jalu | putrane sri naranata ||

61. ingkang tunggil ibu sami | punika amung têtiga | Rahadèn Rangsang kasihe | punika pambayunira | Radèn Wandhan panêngah | Rahadèn Mênêng waruju | punika ingkang taruna ||

62. tunggil ibu pangran kalih | kang kêkalih datan nunggal | apan iku dhewe-dhewe | Pangran Arya Natapura | apan ta nandhang gêrah | apan sêne gêrahipun | Pangran Arya Natapura ||

63. putrane amung satunggil | awasta Rahadèn Cakra | sasampunira ing mangke | ya ta Sang Natèng Ngalaga | sangêt dènira gêrah | ing Karapyak dènnya surud | para putra samya molar ||

64. sedane dèn sêngkalani | sanjata tri bayu tunggal[7] | ri sampunira sinare | ingkang jumênêng sakêdhap | Pangeran Natapura | kêkudangane rumuhun | kang rama sri naranata ||

65. Dipati Mandraka angling | marang Pangran Natapura | sira lumungsura [lu...]

--- [8] [8] ---

[...mungsura] age | kakangira Pangran Rangsang | jumênênga narendra | Pangran Arya Natapura nurut[8] | ing karsanira kang eyang ||

66. sêntana para bupati | sami ngèstrèni sadaya | Pangran Rangsang madeg katong | punggawa mantri Mantaram | ngèstrènana dêgira | miwah kang pandhita agung | jumurung wong sanagara ||

67. kocapa Sang Adipati | Môndaraka wus atuwa | cinatur dawa yuswane | amomong ratu têtiga | Dipati Môndaraka | tan antara nulya surud | sumare anèng Mantaram ||

68. Pangeran Madura nagri | lawan Juru Wirapraba | prasamya seda kalihe | sinarèkkên Pagambiran | ingkang maksih agêsang | Kyai Jurukithing wau | cinatur yuswane panjang ||

69. kocapa sri narapati | ingkang jumênêng Mantaram | kadya kang rama sang katong | sabarang parentahira | jênêngira narendra | kuncara yèn ratu agung | Pandhita Nyakrakusuma ||

70. mila jêjuluk kadyèki | dening sakèhing kusuma | prasamya ngidhêp sang katong | pan nora kênèng têtulah | wus pinanci dening Hyang | sakèhing lêlêmbut suyud | sang nata datan mundura ||

2. Durma

1. kang kocapa wau ta sri naranata | enjing miyos tinangkil | pêpak kang punggawa | miwah kang kulawôngsa | supênuh ingkang anangkil | wong priyantaka | waos sulam marapit ||

2. kang nambungi wau ta wong priyantaka | wêrgu sulam marapit | dhadhap lawan panah | lêmbing sikêp badhama | wong Wirabraja nambungi | Singanagara | Martalulut nambungi ||

3. mantri anom asisih lan gandhèk kiwa | Jagabaya asisih | lan wong Nyangkragnyana | kalawan Singamarta | Kartiyasa sami nangkil | wong numbak pêthak | Margôngsa anisihi ||

4. Pangran Arya Purbaya lênggah atata | lan Arya Wiramantri | lan Pangran Juminah | lan Pangran Singasêkar | Pangeran Amangkubumi [Amangku...]

--- [9] [9] ---

[...bumi] | Pangeran Rangsang | Pangeran Jurukithing ||

5. Adipati Pringgalaya agya prapta | Dyan Dêmang Tanpanangkil | Dipati Balitar | Dipati Têpasana | lan Dipati Sokawati | Pugêr Dipatya | Madura sami nangkil ||

6. sira Arya Suratanu[9] ingandikan | sira ngluruga aglis | marang ing bang wetan | kabèh wong ing Mantaram | têkakêna runtik mami | lah nindhihana | sira ngataga aglis ||

7. gêgamane sadaya sira parowa | barisira sêpalih | sira anyêlaga | barise wong Mantaram | Mantri Mantaram jênêngi | yèn ana leda | tumbakên saking wuri ||

8. sira Arya Suratani mit anêmbah | miwah kang tôndhamantri | samya asiyaga | sagêgamaning ayuda[10] | asaos karsaning gusti | Sri Amangkurat | ngadhaton ing Mantawis ||

9. sira Arya Suratani sigra prapta | nèng wismanira linggih | lawan para garwa | para sêlir nèng ngarsa | mijil saosane sami | sampun pawarta | garwa sami nungkêmi ||

10. pan dèn atut saduluran pungkur ingwang | ingsun anglurug iki | timbalan narendra | kinèn anjênêngana | Mantri Mantaram kang jurit | sira dèn bisa | suwita marang gusti ||

11. lah kariya mas mirah ingsun kusuma | duh jiwaningsun gusti | sangonana ingwang | gusti layoning sêkar | sun gawene tômba brangti | yèn ingsun pêjah | lah akramaa yayi ||

12. tangisira kakang-kakang sambatira | kawula tumut gusti | kang raka ngandika | nora kêna ta sira | yèn milua ing ajurit | wus pasrahêna | maring Hyang Maha Luwih ||

13. para garwa katiga sami karuna | aningali mring laki | atumut tan suka | samya sungkawanira | waspanya tansah drês mijil | alara-lara | ingaras gênti-gênti ||

14. sigra dandan angrasuk kaprajuritan | Ki Arya Suratani |

--- [10] [10] ---

anyamping samboja | lancingane rinenda | rasukan baludru wilis | cindhe kênonga | paningsêt buntar têpi ||

15. wangkingane nyuriga apan têtiga | ingkang munggwing ing ngarsi | anyothe sêrampang | arja kuluk bathokan | linapis ing bara asri | angiras jimat | sampun têdhak ing jawi ||

16. prajurite para lurah wus siyaga | sakapraboning ajurit[11] | magêrsarinira | tamèng towok myang kantar | tumbak tulup pêdhang tamsir | samya gumêrah | têtêg kêndhang gong bèri ||

17. sigra wau Suratani wus samêkta | amundhut kang turanggi | apan wus samêkta | kêkapannya samêkta | kudanira janjan kuning | wus anèng ngarsa | nulya cinengklak aglis ||

18. budhalira kadi ombaking samudra | pra santana Mantawis | Pangeran Purbaya | Pangeran Singasêkar | myang Pangeran Mangkubumi | Pangeran Rôngga | Pangran Pugêr tan kari ||

19. Adipati Pringgalaya sarêng budhal | Ki Dêmang Tanpanangkil | Dipati Balitar | sadaya sampun bidhal | gumêrah kang punang baris | lir wukir kobar | busananing ajurit ||

20. warna-warna daludag kang anèng ngarsa | ing wingking pra dipati | Tumênggung Mantaram | Tumênggung Patrabôngsa | lawan Panji Wirabumi | Kyai Tawêngan | Ngabèi Jagapati ||

21. Ki Ngabèi Alap-alap munggèng ngarsa | Ki Arya Suratani | ingkang munggèng têngah | sagung para sêntana | prasamya lumampah wingking | bala pangarsa | anjog jabaning taji ||

22. ing Mantaram sri narendra siniwaka | pêpak kang tôndhamantri | Arya Jasupônta | ngandikan praptèng ngarsa | sira lumakua aglis | nusula sira | mêrpêkana ing jurit ||

23. tur sandika Jasupônta amit nêmbah | nusul lampahe aglis | lir prawata sêkar | untabe kang gêgaman | gancanging carita prapti | wau ki arya | sakiduling Kadhiri ||

24. samya obah sakathahing wong brang wetan |

--- [11] [11] ---

myarsa tiyang Mantawis | tumindak mangetan | wong Japan Wirasaba | Pasuruan myang Kadhiri | wong Surabaya | prasami mêpak baris ||

25. kagegeran sadaya nagri bang wetan | ana kang ngungsir wukir | awayang-wuyungan | ana kang ngungsi jurang | ênêngêna kang winarni | gantya kocapa | wadya Mantaram sami ||

26. ing Winongan sawetaning Pasêdhahan | Ki Arya Suratani | mangkya angandika | sira Alap-alapan | sira ngirida baris[12] | mantri sakawan | mênyanga Ngrênon aglis ||

27. ing Lumajang iku rupêkên dèn enggal | pan ingsun ngetan iki | nulya Alap-alap | ngirid lante sakawan | dhatêng ing Rênon sêdyèki | glising carita | praptèng Rênon pan enjing ||

28. pan asuwung kutha ing Rênon punika | samya ngungsi mring wukir | kantun rajabrana | kêbo sapi agêlar | sadaya dipun jarahi | kitha Lumajang | pan sampun dèn bêsmèni ||

29. Ki Tumênggung Alap-alap nèng Lumajang | sampun satêngah sasi | nulya mundur sigra | Tumênggung Alap alap | datan kawarna ing margi | prapta Winongan | sami seba pan asri ||

30. Dyan Ki Arya Suratani angandika | hèh Alap-alap aglis | sira angirida | mantri sêkawan ika | gêpukên ing Malang aglis | kang pangandika | kangjêng sri narapati ||

31. Ki Tumênggung Alap-alap aturira | Pasêdhahan puniki | punapa ing karsa | botên pantês binêdhah | angandika Suratani | kulup pan ora | winêkas mring narpati ||

32. radyan êmas bêkti putra Surabaya | kang jumênêng dipati | anèng Pasêdhahan | ki dipati lumaywa | dhatêng kitha Surabanggi | nanging kang rama | butarêpan ing galih ||

33. ingkang rama Ki Tumênggung Kapulungan | mangke ingkang nindhihi | lah Ki Alap-alap | enggal sira mangkata [mangka...]

--- [12] [12] ---

[...ta] | sira bubara kariyin | Ki Alap-alap | anulya bêndhe aglis ||

34. tan antara gêgamane sigra budhal | saking Winongan enjing | ngalurug mring Malang | tan kawarna ing marga | wus prapta atata baris | kutha ing Malang | nulya kinêpung wani ||

35. wong ing Malang samya angêkên jro kitha | nênggih Kyai Ngabèi | Tohjiwa namanya | adipati ing Malang | wus lolos ing têngah wêngi | bala tinilar | mêtu marganing warih ||

36. sarêng mêdal palayunira mangetan | mring Lumajang wus prapti | nêngêna ta ika | kawarnaa dyan enjang | wong Mantaram nuli aglis | ngrampit ing kitha | sigra dipun inggahi ||

37. apan ora ginêpuk kitha ing Malang | rawuh dipun ecani | wadya ing Mantaram | prapta madyaning kitha | gumêrah swaraning tangis | binêkta mêdal | kitha dipun bêsmèni ||

38. wong Mantaram prasamya andum jarahan | boyongan wus giniring | mring wadya Mantaram | lampahnya rêreyongan | age arsa mondhok aglis | ing Tambakbaya | sawetaning Kadhiri ||

39. gêgamaning wong wetan atêtunonan | salor wetan Kadhiri | ing Bêbêr punika | gêlagah tinunonan | sami gita wong Mantawis | de agni mubal | tumingal samya angling ||

40. hèh wong batur iya ikagni apa[13] | prênah lor wetan iki | Tumênggung Lap-alap | mêrpêki pasanggrahan | Arya Suratani angling | hèh Alap-alap | gêni apa kaèksi ||

41. Ki Tumênggung Alap-alap lon saurnya | lah inggih ta kiyai | têtunonan wona | sadaya wong bang wetan | sêdyanira anututi | dhatêng paduka | sêdya angantêp jurit ||

42. sêdyanira wong wetan arêbut lawan | sih Malang kabèh iki | dadya sira Arya | Suratani ngandika | yèn mêngkono dandan aglis |

--- [13] [13] ---

wong bêboyongan | padha sabrangna dhingin ||

43. Sira Arya Suratani gya têngara | wong bang wetan gya prapti | atata barisnya | sami majêng mangetan | anuli dipun bêndhèni | samya kumêrab | baris kilèning kali ||

44. Pangran Panji kang dadya pangawat kiwa | Pangeran Mangkubumi | Ki Arya Mandura | wau samya prayitna | Dipasônta datan kari | prapta sadaya | prasamya ngati-ati ||

45 tan nantara wong wetan prapta sadaya | baris sakidul kali | tan ana nabranga | sami wawas-winawas | arame dènira jurit | wadya bang wetan | lawan wadya Mêntawis ||

46. Ki Ngabèi Katawêngan panasbaran | anulya angaturi | punapa wêkasan | yèn ta amung punika | angling Arya Suratani | hèh wong Mantaram | glis ngurugana kali ||

47. pan gumêrah wong Mantaram kang tumandang | anulya dèn jugrugi | kanan kering jurang | sêmana wus arata | pêlage dipun têgori | bêrsih sadaya | lèpèn dèn karêtêki ||

48. Dyan Ki Arya Suratani gya têngara | obah wadya Mantawis | mangkya sikêp wetan | wikan yèn arsa nabrang | nulya nêsêgakên baris | mapag ing toya | dhêndhêng pinggiring kali ||

49. wong Mantaram pangajênge wus anyabrang | wadya bang wetan aglis | anêmbang têngara | surak kadi ampuhan | kadya ombaking jêladri | têmpuhing yuda | lir udan sinêmèni ||

50. wong Mantaram majêng datan olih papan | pinêlak jroning kali | wadya ing Mantaram | manahira sudibya | akathah ukih-ingukih | kathah wong pjah[14] | kasusu jroning warih ||

51. lèpènira sêkala mili ludira | kang wuri ngidak wani | mati anèng toya | awor gêtihing kuda | Kyai Arya Suratani | pan sampun pêjah | anèng sajroning kali ||

52. Ki Ngabèi Katawêngan sampun pêjah | Ki Panji Wirabumi [Wira...]

--- [14] [14] ---

[...bumi] | ingkang nandhang brana | Tumênggung Jayabaya | punika panandhang kanin | wadya bang wetan | kondur sami bêdhili ||

53. Kyai Suratani samya ingulatan | anèng sajroning kali | sanak-sanakira | kang sami tumut pêjah | kèhing mayid susun tindhih | adangu sira | Ki Arya Suratani ||

54. Wus kapanggih Suratani jisimira | anèng sajroning kali | nulya binandhusa | kasaput dalu ika | wong Mantaram samya baris | mangetan jêngnya | samya angati-ati ||

55. dyan Wong Agung Mantaram samya rêmbagan | Pangeran Mangkubumi | alon angandika | kabèh wong ing Mantaram | bêcik padha nabrang kali | kulon plabuhan | angambil papan jurit ||

56. Ki Dipati Pugêr alon wuwusira | gih paman Mangkubumi | dede lêlampahan | alit manah kawula | tate angênggoni kali | têngahing rana | punika samya mati ||

57. yèn mêngkono wong batur aja na tinggal | mungsuh maksih aurip | eman si têmbaga | jumênêng adipatya | ing Pugêr anom apêkik | lamun mundura | mêmirang wong Mantawis ||

58. byar raina prajurit sami siyaga | nulya têngara muni | gong maguru gôngsa | nulya mangsah ing rana | wadya wetan nrajang aglis | wadya Mantaram | sadaya nêdya mati ||

59. ramening prang kadi lesus nêmpuh parang | surak lan bêdhil muni | angucap ajriha | pêtêng kukus sandawa | riwut kadi têngah wêngi | kang mara pêjah | kang mundur nandhang kanin ||

60. Arya Pulangjiwa prajurit ing Japan | Ki Jala Jagapati | wong saking Madura | sumawita mring Japan | Arya Pulangjiwa luwih | pan nora nana | kaprawiraning jurit ||

61. yèn katiban mimis sajêruk gêngira | kadya dipun pijêti | sigra mangsah yuda | Dipati Tambakbaya | sigra wau nyandhak bêdhil | mimis kancana | sigra amarêpêki ||

62. dyan sinipat wau

--- [15] [15] ---

sira Pulangjiwa | kêna pêthiting alis | macicil netranya | têtakon baturira | hèh batur kaya pa mami | yèn agêsanga | netraningong sasisih ||

63. apa iya dadi cacade wak ingwang | batur alon nauri | kados dadya cacad | upami wontên gêsang | Pulangjiwa asru angling | lah kêncêngana | ambêne jaran mami ||

64. gya anyengklak Pulangjiwa mangsah ngrana | ngêmbat watang ngajrihi | sarwi sumbar-sumbar | lah iki ta rupanya | têliti Jaran Panolih | Pangeran Japan | bêndhenira tinitir ||

65. sampun campuh wong wetan lan wong Mantaram | langkung ramening jurit | Pulangjiwa mangsah | angamuk wong Mantaram | sinosog ing ganjur lêmbing | pan kinathahan | samya ginitik bêdhil ||

66. dat kangkat Pulangjiwa sigra niba[15] | kinarubut wus mati | surak lir ampuhan | surake wong bang wetan | tan ana tinata malih | mawut sadaya | sami lumayu gêndring ||

67. pangamuke para prajurit Mantaram | lir banthèng tawan kanin | wus mawut sadaya | wadyabala bang wetan | kang kacandhak dèn patèni | akèh lumaywa | sadaya sami ngungsi ||

68. Ki Dipati ing Japan sampun lumajar | niba saking turanggi | anusup ing wana | langkung kalunta-lunta | apisah lan wadyanèki | kala sêmana | sêngkalanirèng wani ||

69. kang sanjata palwa kang maruta jagad[16] | ucapên wong Mêntawis | amundur saksana | mantuk dhatêng Mantaram | gancanging carita prapti | kang pra dipatya | nagara ing Mantawis ||

70. sri narendra apan lagya siniwaka | pêpak kang para mantri | sagunging jarahan | wus katur sri narendra | antarane mung sêsasi | Prabu Ngalaga | nêmbang patra tinangkil ||

3. Sinom

1. sri naranata ngandika | mring sakèhing pra dipati | hèh wong Mantaram casawisa [ca...]

--- [16] [16] ---

[...sawisa] |[17] sakapraboning ajurit | ingsun arsa nindaki | mring Wirasaba ing besuk | Dipati Martalaya | ngabêkti matur aririh | sapa sintên paduka ingkang dinuta ||

2. anindaki Wirasaba | jêng sultan ngandika aris | alah iya Martalaya | ingsun dhewe kang nindaki | wau sang Adipati | Martalaya lon umatur | yèn suwawi ing karsa | sampun paduka nindaki | gih sampuna dene kang para sêntana ||

3. para nung-anung sêdaya | apan samya aturnèki | kadi ture Martalaya | nanging tan kadhahar sami | ri saksana sang aji | sigra dènira ngêdhatun | sagung môncanagara | kang kawêngku mring Mêntawis | ingundhangan sadaya samya siyaga ||

4. prasamya pêpak sadaya | saksana budhal kang baris | sajêmbaring ara-ara | pan kèbêkan dening baris | tan kawarna ing margi | prapta sawetan Madiyun | hnêngna kang lumampah[18] | kocapa wong wetan sami | pagunêman Arya Tôndha Wirasaba ||

5. ing Tuban wus ingutusan | dhatêng Dipati ing Tubin | saksana amêpak bala | baita sampun cumawis | ya ta têngara muni | budhal gêgaman nèng nglaut | miwah wadya kang dharat | wus anabrang ing bênawi | kang kocapa wau barising Mantaram ||

6. wus prapta nèng Wirasaba | masanggrahan Rajadadi | prênahe loring kutha[19] | ing Wirasaba nagari | nênggih samadya sasi | Prabu Mantaram nèng ngriku | sikêp dalêm kèh rusak | apan kêna ing gagêring | kawarnaa lampahe Dipati Tuban ||

7. wus prapta ing Surabaya | masanggraha nèng pasisir | nagri brang kidul sadaya | prasamya angati-ati | baris saya gung prapti | kocapa Surabayèku | samôngsa tumindaka | Pangran Surabaya nênggih | akêrigan môncanagara sadaya ||

8. Pangeran ing Surabaya | wau sumêdya nulungi | angayut dipati wetan |

--- [17] [17] ---

pangeran kèwêdan galih | èwêd Dipati Tubin | ngliwati Tubin tan purun | baris sajroning kitha | ing Surabaya puniki | ingkang karsa pangeraning Surabaya ||

9. Dipati Tuban barênga | mangkat lan wong Surawèsthi | anulya sira utusan | kinèn abubar tumuli | ya ta Dipati Tubin | tinundhung pan datan purun | apa wadine baya | tinundhung mulih tan apti | tulung marang Wirasaba tan lumampah ||

10. Pangeran ing Surabaya | tan tega tilar nagari | dene dipati ing Tuban | karya pakèweding ati | dadya kapiran sami | pangeran datan tumanduk | tandang mring Wirasaba | lampahe môncanagari | datan bantu sabab pangran datan tandang ||

11. kocapa ing Wirasaba | ingkang jumênêng dipati | anênggih pangeran arya | apan ta dèrèng ngakrami | umur sadasa warsi | pan agêng riyalatipun | tur pêkik warnanira | dhasar prawira ing jurit | pêpatihe awasta Rôngga Pramana ||

12. nanging ina lampahira | lumpuhing laku sinêkti | tanah wetan pan kèringan | atêguh prawirèng jurit | kalamun anindaki | Rôngga Pramana tinandhu | prapta wadya Madura | gêgaman sèwu ngajrihi | pan ing dalu lêbête marang jro kitha ||

13. Pangeran ing Surabaya | apan bantoni prajurit | apan sèwu kathahira | nanging lampahira dhêmit | apan nora baribin | wong Tuban nora karungu | prapta ing Wirasaba | lêbêtira madya ratri | manjing kitha mêdal saking wêwingkingan ||

4. Pangkur

1. gantya prajurit Mêntaram | sri narendra nimbali pra dipati | sagunging prawira ngumpul | miwah para santana | sri narendra pangandikanira arum | sakèhe sanak manira | ing mangke manira tari ||

2. hèh ta kakang Martalaya | apadene sakèhe pra dipati | apan [a...]

--- [18] [18] ---

[...pan] ingsun arsa kondur | Martalaya tur sêmbah | nah ing anggèr pun atos-atos karuwun | pan inggih dèrèng kantènan | tiwase kang punang abdi ||

3. umatur Pangran Purbaya | adhuh anggèr pun bapa nuwun pamit | sampun paduka akondur | wontên dayane tuwan | ya ta mèsêm jêng sultan ngandika arum | yèn makatên inggih uwa | kula antos kalih ari ||

4. Pangran Purbaya ngandika | Martalaya aja kakèhan pikir | lah payo gêpukên gupuh | matur Ki Martalaya | lah suwawi panêmbahan nuntên kondur | saking ngarsaning kang putra | prapta pasanggrahan aglis ||

5. Pangeran Arya Purbaya | sigra bêndhe kumrab wadya Mantawis | wau Martalaya gupuh | sigra nêmbang têngara | wong panumping barise sampun akumpul | punggawa lawan sêntana | budhal saking Rajadadi ||

6. abdi dalêm jro tan ebah | mung santana lawan para dipati | ingkang saking lèr puniku | Dipati Pringgalaya | sakathahe wong panumping namung sèwu | ingkang ngrampit saking wetan | Pangran Pugêr kang nindhihi ||

7. myang sagung para santana | Panêmbahan Purbaya kang nindhihi | Pangran Mangkubumi ngumpul | lawan Pangran Balitar | Adipati Pringgalaya sampun ngumpul | kang baris para sêntana | anèng wetan dadi siji ||

8. kang kulon para wadana | ingkang kidul pan datan dèn barisi | ya ta kawarnaa wau | wadya ing Wirasaba | pan wus wikan wong Mantaram ngangsêg purun | Ki Rôngga Pramana mêdal | tinandhu ngidêri baris ||

9. wong Wirasaba mêlatar | gêgamane towok kalawan lêmbing | bêngkolang gêgutuk watu | cucuk ibêr-ibêran | tumbak [tu...]

--- [19] [19] ---

[...mbak] ganjur amayungi anèng pungkur | kalatoka bêdhil rangkang | mariyêm nèng balowarti ||

10. wong Mantaram nêmpuh kutha | pan kumrutug bêdhilira kang muni | wong Mantaram ngrangsang purun | pêngkuh wong Wirasaba | nora kangkat dening kandêl bètèngipun | wong Mantaram dadya lesan | dèn sipati saking nginggil ||

11. mimis tiba kadya udan | wong Mantaram kèh mati kênèng mimis | kêna bedhor dening pusur | surak kadya ampuhan | wong Mantaram dadya mundur kathah tatu | kasaput wêngi samana | dadya mundur kang ajurit ||

12. ing dalu datan kocapa | wong Mantaram sami gunêman pikir | dening yuda abotipun | wadya ing Wirasaba | pra dipati wau karsane anamur | Ki Dipati Môndaraka | anamur awor pêkathik ||

13. pêkathike Wirasaba | apocapan cabare wong Mantawis | ambêdhah kutha tan butul | iku lamun inyonga | pan tinotol ing galugu bae rubuh | sajêglugan bae bujat | kang sawiji ana angling ||

14. ing manira iki baya | ngong andhani kutha saking ing nginggil | ana marganya angamuk | yèn nora mangkanaa | ingong gangsir saking ngadhap kutha iku | Adipati Martalaya | miyarsa suka ing galih ||

15. nulya mantuk undhang-undhang | Martalaya marang wadyane sami | sami kinèn mèt galugu | sawinèh gawa ôndha | kang sawênèh gawa paju linggis pacul | kinarya gangsir punika | prasamya anggangsir siti ||

16. anulya nêmbang têngara | Martalaya wadyanya golong pipis | angring sing kutha gumêrgut | nulya wong Wirasaba | wus malatar barise wong wetan nêmpuh | para santana Mantaram | pangamuke golong [go...]

--- [20] [20] ---

[...long] pipis ||

17. kang kulon para dipatya | sarêng mangsah wong kitha anadhahi | anglir udan awor lesus | gugup wong Wirasaba | wong Mantaram ingkang gowo linggis pacul | samya anggangsir jro kitha | anggawa ôndha ngunggahi ||

18. bingung wadya Wirasaba | wong Mantaram pangamuke angungkih | Dipati Martalayèku | kutha lor wus binêdhah | pan gumêrah wadya Wirasaba gugup | bodhol mangidul srang-srangan | wong anom sami nututi ||

5. Sinom

1. Rôngga Prêmana kacandhak | tinigas jangganirèki | ingkang ngêpung saking wetan | wikan yèn bêdah tumuli | anulya dèn pêgati | Pangran Wirasaba wau | kacandhak wus binônda | ingkang tali cindhe wilis | wus jinarah kadatone ingobongan ||

2. wong wadone binoyongan | gumrah swaraning kang tangis | pan sampun binêkta mêdal | tinon kadya kêbo sapi | glising carita prapti | Kanjêng Sultan nulya kondur | dhatêng kitha Mataram | kunêng ta wau rumiyin | Kyai Rôngga jisime binêkta mêdal ||

3. pinêrnah salèring kitha | sarta tinêngran kêkitir | muni yèn Rôngga Pêrmana | anulya pinêtak aglis | kocapa Japan malih | mêdal saking kithanipun | dhatêng ing Surabaya | arsa anundhung wong Tubin | ingkang baris anèng kitha Surabaya ||

4. Dipati Tuban wus wikan | yèn Dipati Japan prapti | sêksana Dipati Tuban | wus abubarakên baris | arsa mantuk ring Tubin | sampun anumpak parau | miwah wadya kang dharat | kalintang Japan wong Tubin | apan nganti sêmana duk sinêngkalan ||

--- [21] [21] ---

5. taksaka tiga punika | Sultan wus praptèng Mêntawis | ing kadaton binacingah | wus antara kalih sasi | kocapa nagri Tubin | wus mêpak gêgamanipun | Patih Jayasantana | namane Pêpatih Tubin | dyan umatur kawula arsa ngluruga ||

6. nagari wetan punika | sadaya arsa mbantoni | sigra anêmbang têngara | bidhal saking nagri Tubin | datan kawarna margi | prapta nagri Singasantun | dhusun ing Kamayaran | sadaya samya angili | dipatine ing Singasari punika ||

7. Ngabèi Wirakusuma | pan sampun ngaturan uning | yèn mêngsah tuwan kumêrab | sêdya gêcak Singasari | Patih Jayasontèki | ing tuwan kang ngirit laku | dadya ngabèi sira | Wirakusuma ing mangkin | arsa mapag ing mungsuh datan kawawa ||

8. Ngabèi Wirakusuma | lumayu lolos ing wêngi | ing Singasari tinilar | wus sumuyut ing nagari | gêgaman Tuban prapti | ing Singasari wus umur | Kyai Jayaprasanta | cuwa manahe tan sipi | nulya bubar Kyana Patih Jayasanta ||

9. Kyana Patih Jayasanta | apan asra gêcak Pathi | prapta jajahan Santênan | wong desa katrajang ngili | nanging Jayasontèki | graita manahnya mangu | mandhok sakidul kitha | kalapa kêkuncung iki | kyana patih ing Pathi ngrasa kasoran ||

10. Dipati Pathi utusan | asung wruh dhatêng Mantawis | wus katur ing Kanjêng Sultan | saksana kinèn mbantoni | Alap-alap tinuding | mangkat saha balanipun | lampahe Alap-alap | wus prapta jajahan Pathi | baris Tuban lolose ngalor angetan ||

--- [22] [22] ---

11. duk samana binabadan | amanggih dhôngka butèki | wong Tuban numpak ing palwa | lawan wikan wong Mêntawis | punika bantu Pathi | Alap-alap wastanipun | prajurite Mêntaram | kang nate bêdhah nagari | wong ing Tuban wus prapta nagaranira ||

12. wau ingkang kawarnaa | pangeran ing Surawèsthi | sagunging para dipatya | ingkang kidul dèn utusi | Dipati Japan prapti | Pasêdhahan sarêngipun | ngirid mancanagara | wus prapta ing Surawèsthi | wong pasisir brang êlor samya utusan ||

13. nagari salèring kitha | Sampang Balega tan kari | Sumênêp lawan Mêkasan | sadaya prasamya cawis | sampun anyabrang warih | parapta Surabaya wau | miwah wong Surabaya | sadaya amêpak baris | adipati ing Tuban sampun siyaga ||

14. ing Nglasêm samya putusan | marang dipati ing Tubin | pan sampun sami sêmayan | pangeran ing Surawèsthi | sêdya gêcak Mantawis | wus kumpul sêdayanipun | wong Sampang lan Balega | ing Sumênêp ari banggi | samya budhal lan Pangeran Surabaya ||

15. dadya wong sadaya sêdya | umampir dathêng ing Giri | prasamya ngujung astana | ri sampunnya mangkanèki | prasamya seba aglis | dathêng Panembahan Gunung | panêmbahan wus tuwa | ing pangandikanira aris[20] | paran kabèh karsane para dipatya ||

16. pangeran ing Surabaya | lan Dipati Singasari | apan ta aris aturnya | kawula anuwun pamit | sêdya kawula panggih | nuwun pangèstu sang wiku | arsa gêpuk Mantaram | sêdyane kang pra dipati | angêndhakna [a...]

--- [23] [23] ---

[...ngêndhakna] marang Sang Raja Mantaram ||

17. Jêng Sunan Giri ngandika | sabdanya arum amanis | ing mêngko pan dèrèng môngsa | angluruga mring Mantawis | Pangeran Surawèsthi | Pangran Singasari matur | pun abdi samya bela | kalawan Dipati Tubin | miwah sira kinait Dipati Pajang ||

18. karsane Dipati Pajang | ing benjang miyosi jurit | ambalik mungsuh Mantaram | anumbaki saking wuri | Sunan Giri lingnya ris | mokal bêdhaha Mantarum | wong nagara ing wetan | angiliya mupung mangkin | nora wurung binoyong marang Mantaram ||

19. Panêmbahan Giripura | mèsem angandika aris | yèn mangkono karsanira | dèn padhaa ngati-ati | sun pasrahkên Hyang Widhi | satidakira puniku | sigra para dipatya | pamit sarwi atur bêkti | nulya budhal sagung kang para dipatya ||

20. padha nindhihi gêgaman | sabaturira pribadi | bandera awarna-warna | datan kawarna ing margi | panggih Dipati Tubin | apan samya akêkuwu | samana pagunêman | angrasani ing ajurit | ngambil papan adandani ingkang rata ||

21. ya ta wau kawarnaa | Kajinêman ing Mantawis | kinèn suwita mring Tuban | Randhuwatang wastanèki | julig tate anêlik | lamine wus kalih taun | kalangkung kinasihan | marang dipati ing Tubin | saature Ki Randhuwatang dhinahar ||

22. sagunging para dipatya | samya rêmbagan ing margi | pangulah wetan aturnya | punika margi Garêsik | salèring Saosragi [Sao...]

--- [24] [24] ---

[...sragi] | ing Sokawati jogipun | puniku papan wiyar | lawan botên kirang bêkti | ing Garompol sae papane awiyar ||

23. marga aradin arata | lawan botên kirang bukti | lèpèn agêng turut marga | nulya anjog ing Sêmanggi | Pangeran Surawèsthi | ing Singosari amuwus | lah saliyane ana | manawa na marga radin | nulya matur pangulah wetan sadaya ||

24. wontên margi lèr punika | ing Nglasêm jogirèng Pathi | kapering nagari Dêmak | punika inggih aradin | wadya kathah binukti | tan kira[21] tur kathah banyu | Pangeran Surabaya | pangandikanira aris | iya iku pangulah môncanagara ||

25. manawa na marga liyan | sawruhira marga malih | nulya Ki Randhu saksana | miyarsa aturirèki | maras manahirèki | angrasa tan iku[22] | kathah wadya bang wetan | akêdik wadya Mantawis | yèn kudaa nèng papan jêmbar kawratan ||

26. wong Mantaram pan kabotan | kukulan jajahannèki | mangkana Ki Randhuwatang | umatur sami bêbisik | dhatêng Dipati Tubin | lah inggih gusti pukulun | kalangkung dening salah | ature têlik ing Tubin | inggih dede yèn sampun nurut punika ||

27. wau dipati ing Tuban | nambungi wacana manis | umatur marang pangeran | kawula agadhah têlik | manawi tan udani | kang margi sae puniku | wasta pun Randhuwatang | pangeran ngandika malih | lah ta Randhuwatang ingsun jaluk dalan ||

28. adawa yèn cinatura | ature sakèhing têlik | Pangeran ing Surabaya | angidhêp têlik ing Tubin | abênêr dadi sisip | Pangran Surabaya bêndu | hèh bocah sira

--- [25] [25] ---

enggal | cêkêlên si juru têlik | karya apa angawulakna wong tiwas ||

29. nora bêcik aturira | Subalina angapusi | Ki Jinêman loro samya | anulya dipun talèni | sinaosakên aglis | pangran angandika asru | lah iya uwisana | kêkalih pating karêmpis | mêgap-mêgap ature Ki Kajinêman ||

30. botên ajrih kula pêjah | badan katura mring gusti | awlas marang gustiningwang | panuruta[23] wong ing Tubin | ri sampunnya kang abdi | wong kula kalih sinuduk | wus samya kapisanan | kawarnaa sarêng enjing | Pangran Surabaya anêmbang tangara ||

31. wus budhal sagung gêgaman | kêndhang gong kalawan bèri | sakèhing para dipatya | samya anindhihi baris | gumrah turôngga èsthi | awor krêbêting lêlayu | sajêmbare ra-ara | kaèbêkan dening baris | pan galagah ingindak dadi warata ||

32. wana dadya ara-ara | kabèh bala kibir sami | kang sawênèh bala ngucap | wong batur sadina iki | bêdhah kutha Mantawis | sasat karubuhan gunung | kalêbu ing sagara | nora wande bocah-bocih | nora wurung besuk mundhut lara kênya ||

33. yèn wus bêdhahing Mantaram | batur aja ana mulih | padha banjura sêsawah | ana ing Mantaram benjing | yèn wis dadi kang pari | rabimu boyongên maktuk[24] | Arywa Pangeran Japan | mèsêm angandika aris | iya talah pan ingsun pasrah Hyang Suksma ||

34. kaya tan saea gêsang | panêdhaningsun Hyang Widhi | yèn ora bêdhah Mantaram | ingsung sêdya mati jurit | ênêngna kang lumaris | agantya ingkang winuwus [wi...]

--- [26] [26] ---

[...nuwus] | Kanjêng Sultan Mantaram | enjing duk miyos tinangkil | pêpak andhèr santana para punggawa ||

35. kanjêng sultan wus miyarsa | yèn wong wetan anêkani | Pangeran ing Surabaya | lawan Dipati ing Tubin | Dipati Sampang sami | Sumênêp Mêkasan tumut | kêrig saloring toya | lawan sagung wong pasisir | lan wong môncanagara kêrig sadaya ||

36. katut Adipati Pajang | saking Adipati Tubin | mulane wong wetan prapta | awit wong Pajang ngaturi | nanging Sultan Mantawis | angidhêp ujar puniku | môngsa ta mangkonoa | si paman Pajang Dipati | sri narendra ngandika mring Katawêngan ||

37. aywa sira Katawêngan | hèh lumakua dèn aglis | mring Pathi nêmbah saksana | sang nata ngandika aris | poma dèn ngati-ati | mungsuh ing wetan wus rapuh | poma yayi dèn yitna | amrih papan ing ajurit | yèn wus prapta gêgamaningsun Mantaram ||

38. pan si adhi ing Santênan | aywa obah saking puri | lawan si paman ing Dêmak | aywa obah saking puri | yèn mungsuh agung prapti | dèn inggal asunga wêruh | marang ing jênêng ingwang | poma-poma dipun eling | Ki Ngabèi Katawêngan pamit nêmbah ||

39. gêgamanira wus budhal | lampahe dhatêng ing Pathi | sakathahing pra dipatya | Mantaram mijilkên baris | baris jawining taji | Jêng Sultan Mantaram rawuh | nitih liman lêlawak | angandika sri bupati | payo budhal barisira kang pangarsa ||

40. panumpingira sadaya [sada...]

--- [27] [27] ---

[...ya] | nindhihi pangawat kering | [...][25] | sakèhing pra dipati | mugwèng[26] ing ngarsa sang prabu | sri narendra ngandika | lah ta Martalaya aglis | wong Mantaram kabèh padha undhangana ||

41. sakèhing kalèn luwangan | kabèh urugana sami | dimèn aja kadhinginan | iya wong wetan kang baris | dadya sakèhing kali | prasamya ngurugan sampun | lawan wana lèr ika | aja na dipun babadi | lan si paman ing Pajang datan katingal ||

42. Ki Dipati Martalaya | umatur saha wotsari | paman paduka ing Pajang | abaris nèng Bêluk ardi | dadya kang pra dipati | pagunêman lan sang prabu | apa karsane ika | wong Pajang nora na prapti | pan sadaya wong Pajang mungkur ing nala ||

6. Pangkur

1. ri sampunira mangkana | Pangran Mangkubumi ngandika ris[27] | matura mring paman iku | aglis sira mangkata | inggalêna si paman Pajang puniku | manawa kari ing yuda | sun eman dadia bêcik ||

2. Kyai Arya Wirapatya | tan antara lèngsèr ngarsa narpati | dyan budhal sabalanipun | datan kawarnèng marga | sampun prapta ing mondhokaning Babêluk | dumrojog ing pamondhokan | Arya Wirapati angling ||

3. hèh yayi Dipati Pajang | paran karsa andika mondhok ngriki | nora awor baris sagung | Kanjêng Sultan ngandika | pan andangu mring andika langkung bêndu | yèn dika arsa balika | dèn karuan mupung mangkik[28] ||

4. umatur Dipati Pajang | karsaningsun angampingi ing gusti | yèn ana mungsuh nglambung[29] | mêtu saking ngiringan | aja kongsi gêpok barise sang prabu [pra...]

--- [28] [28] ---

[...bu] | pan ingsun tunggu tampingan | Arya Wirapati angling ||

5. aja kakèhan wicara | sri narendra tan kêna dèn kilapi | lah age payo akumpul | yèn balik karuhêna | adipati ing Pajang aturnya gugup | lah inggih suwi kakang[30] | akumpul lan sri bopati ||

6. saksana budhal wong Pajang | èstu kewran tyase sang adipati | osike manah mirangu | dèna wus prajangjeyan | lan dipati ing Tuban mangsah prang pupuh | wong wetan lan wong Mantaram | angamuka saking wingking ||

7. ya ta lampahe gya prapta | bala Pajang lawan bala Mantawis | kunêng lampahira wau | pangran ing Surabaya | sakathahe para punggawa nung-anung | wus prapta wana Siwalan | rêrêp sakèhing prajurit ||

8. anênggih wana Siwalan | dènnya tata ayun-ayunan jurit | wong wetan prapta ing ngriku | apan samya pailan | nora nana swarane punang bêbusur | pinapandhe wong Mantaram | wong wetan amangan kunci ||

9. sawênèh gadhung pinangan | kang sawênèh samya wuru wadya lit | dèn lut ngising sakitipun | gumigil samya umab | ênêngêna baris kang winuwus[31] | kang mungwèng êlor punika | anêmbang tangara muni ||

10. sigra Adipati Tuban | pangawinan pangapit kanan kering | kêndhang gong swranya umyung | surak kadya ampuhan | wong Mantaram sadaya samya umagut | tandangira wong ing Tuban | nulya kinarubud bêdhil ||

11. no katêmu ing watang[32] | dèn bêdhili wong Tuban anadhahi | miris wong Tuban kèh mundur | ing dina Sênèn ika | wadya Surabaya [Su...]

--- [29] [29] ---

[...rabaya] akèh anggêguyu | tandange wadya ing Tuban | ariyon pating palêncing ||

12. wong Surabaya angucap | kabisane wong Tuban namung jail | samana wadya Mantarum | barise wong kaparak | ingamuka pêpelah endhut punika | sinamur lawan larahan | sinasaban lawan èsthi ||

13. kasaput dalu samana | wong bang wetan wadya lit samya guling | swarane umung gumuruh | ing wadya pamondhokan | pagunêman sakèhing para nung-anung | ingkang ginunêm sadaya | amung yudane wong Tubin ||

14. lakung[33] apês prawiranya | mangsah dhingin tur nora anguwisi | sampun atata ing dalu | enjang dintên Salasa | wong ing Tuban ora obah pondhokipun | warnanên Dipati Tuban | nèng ara-ara pan baris ||

15. barise wong Surabaya | pêrnahira luhuring ardi alit | Dipati Japan amuwus | lah iya tan sun iya | narajanga Dipati Balega wau | kadhangan êndhut punika | tinrajanga bêbayani ||

16. Dipati Japan atanya | sapa ingkang baris ing kanan iki | ingkang dadi tindhihipun | umatur kang tinanya | gih punika Dipati Wartalayèku | lan Ki Arya Jasupônta | pranakan saking Kadhiri ||

17. putranipun Saradipa | adipati ing Japan ngandika ris | papan ingkang kulon iku | padha gêgawarana | wadya Japan amasang gêgawar sampun | mujur mangidul barisnya | ri sampunnya mangkana glis ||

18. Dipati Pajang angucap | hèh wong Japan sira sun ajak mati | gêgaman kidul puniku | lah payo tinarajang | nulya bêndhe

--- [30] [30] ---

wong japan mangsah anggêrgut | barise Ki Martalaya | nulya tinarajang aglis ||

19. Martalaya Jasupônta | barisira dhusun ingkang kinardi | apan kathah wismanipun | wus celak wadya japan | ri saksana wismanya samya tinunu | dening wadya Martalayan | gêni katêmpuh ing angin ||

20. gêni ngêmbyuki wong Japan | kathah gosong samya katêmpuh api | Jasupônta sigra gêrgut | sarêng Ki Martalaya | bêndhe surak syarane lir gunung rubuh | wong Japan sinêrang bubar | wadyane datan ngudhili ||

21. wau ta Dipati Japan | datan kondur emut trahing prajurit | anyamêthi kudanipun | singa katrajang bubar | kinarocok ing watang kalawan ganjur | kinarutug ing sanjata | pinasêr lan jinêmparing ||

22. wong siji pira kuwatnya | dangu-dangu ki dipati ngêmasi | wau ta ing pêjahpun[34] | ya ta Dipati Japan | wong bang wetan sadaya samya lumayu | wadya ing Mantaram mulat | sadaya samya nututi ||

23. sawênèh mêgati marga | wong bang wetan kathah wonge kang mati | urut marga kathah lampus | sira Dipati Tuban | palayune atilar turangganipun | gajah titihan tininggal | arane tasidêrajit ||

24. sêlir kêkalih punika | kalih pisan anèng luhuring èsthi | Anggraita wastanipun | lawan pun Agrawala | wus jinarah marang wadya ing Mantarum | dipôngga wus rinantenan | anulya binêkta aglis ||

25. wong wetan samya binahak | pan lumayu wênèh tilar turanggi | tan bisa lumayu asru | wong lêsu nora mangan | pan lêmpuyang kunci kang pinangan wau | miwah babak kêmlaka[35] | kang samya [sa...]

--- [31] [31] ---

[...mya] dipun garoti ||

26. arang ingkang mati aprang | bala wetan akèh mati agêring | sikep Surabaya agung | akèh ingkang kacandak | Adipati ing Tuban maksih binuru | kabubuh ing êndhut sigra | aniba saking turanggi ||

27. lumayu akêkadhalan | mèh kacandhak anèng paprangan aglis | dandanan sigra rinacut | aglis dènira nyêbar | pan rinêbut dening wadya ing Mantarum | sinêrang Dipati Tuban | lumêbu jroning wanadri ||

28. pan cinatur pitung dina | anèng wana kang pinangan mung kunci | anuju rêndhêng puniku | rina wêngi kudanan | ênêngêna kocapa mondhokan agung | layone Dipati Japan | katur Sang Prabu Mantawis ||

29. sri narendra ris ngandika | lungguhêna layone si dipati | nulya linênggahkên sampun | layone sang dipatya | pan sinawang marang Sang Prabu Mantarum | aris dènira ngandika | iki sing trusing prajurit ||

30. baya mung ki besan Japan | ingkang duwe gawe ngalurug iki | pan iki pantês tiniru | tan malik tan kakèhan | wong Mantaram age parakna mring Butuh | tunggalêna Sultan Pajang | Si Dipati Japan iki ||

31. sri narendra angandika | arsa kondur nênggih dathêng Mantawis | Dipati Japan kang lampus | layone wus pinêtak | wus pinêrnah wau anèng dhusun Butuh | apan tunggal Sultan Pajang | sinêngkal ingkang lalis[36] ||

32. pandhita ginunêm ing prang | sri narendra prapta nagri Mantawis | gancanging carita wau | agênti tatunira | Kanjêng Sulta[37] ningali punggawanipun | Martalaya Jasupônta | Jêng Sultan ngandhika aris ||

--- [32] [32] ---

33. Martalaya Jasupônta | lah bêdhahên ing Nglasêm lan si adhi | ing Nglasêm ajakên iku | Martalaya tur sêmbah | enjang budhal wau gêgaman Mantarum | gancanging carita prapta | nagari Santênan aglis ||

34. ing Nglasêm kinêpung sigra | wong ing Nglasêm pan sampun ngati-ati | wayahipun têngah dalu | wong Nglasêm samya mêdal | gêdhe cilik lanang wadon samya mêtu | pondhoke wong Pathi ika | wau kang jinujug aglis ||

35. swarane wong awurahan | wong Mantaram samya kagyat miyarsi | wruh yèn kitha bêdhah dalu | brana ing Nglasêm têlas | kari wonge dinum mring wong Pathi iku | enjing budhal wong Mantaram | wong ing Pathi samya ngiring ||

36. mantuk dhatêng ing Mantaram | tan winarna warga praptèng Mantawis | Dipati Pathi puniku | ngaturakên boyongan | langkung suka sri narendra dènnya dulu | samana duk sinêngkalan | ula gêdhe margèng bumi[38] ||

37. ri sampunira mangkana | Pasuruan pan arsa dèn tindaki | amêpak wadya sang prabu | sri narendra ngandika | mring punggawa kakang Martalaya gupuh | sira nindhihana karya | marang Pasuruan iki ||

38. kabèh kakang Martalaya | para mantri kang padha andon jurit | miwah kang para tumênggung | pondhokna kidul kuthi[39] | anadene sira senapatinipun | mondhoka sawetan kutha | dèn padha angati-ati ||

39. sakèhing para santana | pondhokêna saloring sabrang kali | kang kulon towongna besuk | poma dina Jemjumungah[40] | lamun sira amêrpêki kutha besuk | aywa liya ing Jêmjuwah | angantêpa ing ajurit ||

40. wus têlas wêling sang nata | Adipati Martalaya tur pamit | kondur sang nata ngadhatun | Dipati Martalaya | pra santana para dipati

--- [33] [33] ---

anglurug | sadaya pan sarêng bubar | gêgaman dinulu asri ||

41. sri narendra angandika | hèh ta kakang Jayasupônta sirèki | nusula mring kakangamu | anglurug Pasuruan | lah mondhoka sakiduling kutha besuk | sawurining pra dipatya | aja sira milu jurit ||

42. aja sira wèhi liwat | lamun mêksa karuhêna sirèki | wus rampung wêling sang prabu | ki arya pamit nêmbah | sampun mêpêk Jasupônta wadyanipun | tan adangu nulya budhal | wus prapta jawining taji ||

43. lajêng sami amondhokan | baris agêng wangsul anèng Sêmanggi | dumrojog ing pondhok agung | Dipati Martalaya | kagyat mulat kalamun kang rayi nusul | Martalaya ngling ing driya | apa wadine sang aji ||

44. gya Ki Arya Jasupônta | ingkang raka sigra dèn bêbisiki | Martalaya manthuk-manthuk | gêgaman nulya budhal | apan lajêng lampahe nglarug[41] | sagunge kang urut marga | rusak tanêm tuwuhnèki ||

45. gancanging carita prapta | Pasuruan gêgaman ing Mantawis | gègèr wong desa lumayu | angungsi jroning kutha | Pasuruan anênggih bupatinipun | Ki Tumênggung Kapulungan | ing jro kitha tata baris ||

46. wong Pasuruan mêlatar | wong Mantaram prapta angêpung wani | lor wetan kalawan kidul | kang samya binarisan | namung kulon kitha kang botên kinêpung | apan nora binarisan | dene wadya ing Mantawis ||

47. Ki Tumênggung Kapulungan | kudanira pun mêndhung dèn titihi | ulêsipun jajan[42] biru | nyirig ngubêngi kitha | Ki Tumênggung Kapulungan asru muwus | ing Tawong ing Pasuruan | kabèh ingsun ajak mati ||

48. warnanên dina Jumungah | wong Mantaram [Ma...]

--- [34] [34] ---

[...ntaram] prasamya mêpak baris | pan enjing arsa ginêpuk | amikir jroning nala | upamane ingsun wani wong Mantarum | môngsa ta ngejaa gêsang | ingsun mungsuh wong Mantawis ||

49. wong kêdhik lawan wong kathah | padha kèhe wong wetan pothar-pathir | duk prang Siwalan rumuhun | pan akèh wong bang wetan | suprandene binuru kapêntut-pêntut | aku maning yèn mênanga | angur mundura kariyin ||

50. Ki Tumênggung Kapulungan | wadyanira arsa dipun apusi | hèh wong Pasuruan besuk | pan ingsun ora mêdal | bêcik bêngi lah payo padha angamuk | pasthi gugup wong Mantaran | payo ngamuk têngah wêngi ||

51. wadya Mêntaram akathah | yèn ta sira narajang têngah wêngi | pasthi sika[43] gagap-gugum[44] | bingung tan wruh ing rowang | wong Mantaram pêsthi yèn banjur balêdug | pan akèh olèh bandhangan | yèn rusak wadya Mantawis ||

52. pan sira ngêkêbi kutha | nora wurung sira nêmahi pati | payo padha ngamuk dalu | bêcik ucap jana[45] | ingkang wadya sadaya prasamya rêmbug | prasamya tata gêgaman | baris pasar gêdhe sami ||

53. Ki Tumênggung Kapulungan | mêtu jaba kang baris dèn idêri | sarwi sumbar amuk-amuk | anantang Martalaya | samya kagyat wong Mantaram amuk-amuk | hèh wong Mantaran dèn yitna | ing Surabaya dèn ungsi ||

54. wus wikan wong Pasuruan | yèn gustine nyandêr ngulon sarimbit | kang wadya samya amisuh | wangsul marang jro kitha | wong Mantaram uninga samya amburu | katututan jawi kitha | samana wus dèn tumbaki ||

55. anulya nginêbi lawang | tan winarna dalu wuwusên enjing [e...]

--- [35] [35] ---

[...njing] | ya ta wadya ing Mantarum | pan samya gangsir kitha | wusnya bêdhah wadya Mantaram umangsuk | anuju dina Jumungah | gumêrah swaraning tangis ||

56. para prajurit Mantaram | nèng jro kutha rêbutan kuda sami | anulya binêkta mêtu | kithane ingwobongan[46] | kang boyongan sadaya samya dèn êdum | Ki Tumênggung Kapulungan | pan samya dipun tututi ||

66. samana pan mèh kacandhak | kudanira andaru sampun kêni | Kapulungan wus lumayu | dharêsêl lan kang garwa | anèng jurang andhap papane alindhuk | pan ana wong Martalayan | lêlurahing Saragêni ||

67. arane Suwakawaka | lan Ki Suradahana wong kêkalih | uninga palajêngipun | tumênggung lan kang garwa | katututan dharêsêl dhalêsêl lan garwanipun[47] | ki tumênggung dèn gagila | pan sarwi dèn incêng bêdhil ||

68. garwanira girap-girap | ki tumênggung nêmbah angasih-asih | mentak ampun kula bagus | sampun sampeyan bêkta | pan kawula ngaturi mirah pêpitu | samya mirah babêrkatan | rêgi nigang atus kêthi ||

69. sumaur Suradahana | lah ta êndi mirahmu ingsun ambil | lawan sun boyong rabimu | katura sang dipatya | sun aturkên yèn sira bojo Tumêgung[48] | Kapulungan asru mojar | ing garwa sarêng anjêrit ||

70. sarwi ngrangkul garwanira | sigra sira pawaka anyêkêli | Ki Suradahana gupuh | anyêkêl ingkang garwa | sarêng nyandhak wus uwal lan garwanipun | Ki Tumênggung Kapulungan | garwane dipun cêkêli ||

71. garwane angundhamana | ujar sira wong lanang wêdi mati | ingsun adarma [a...]

--- [36] [36] ---

[...darma] anêmu | sikêp arsa anjamah | yèn ta sira matia nèng jro kadhatun | nadyan silih binoyonga | pasthi binoyong priyayi ||

72. dhasar priyayi Mantaram | bagus-bagus prawira ing ajurit | alah raimu dikêpruk | Tumênggung Kapulungan | dhêndhaning Hyang Kapulungan mring sirèku | bupati wêdi palastra | bilaine andhatêngi ||

73. alah priye karêpira | si dilabrag wong iki anêmêni | angur matia wak ingsun | dèn ramuh sok wong-wonga | anauri Suradahana asêndhu | pan iya môngsa bêdhaha | tumênggung kalawan mami ||

74. môngsa kacèka sacêngkang | wus lumrahe padha luwihan daging | iku cêlèk iki cêlus | Tumênggung Kapulungan | amiyarsa kêthip-kêthip netranipun | hèh bagus dèn sarèh mana | kula atanya sayêkti ||

75. pundi trah ludira dika | sigra mojar Suradahana nauri[49] | pan ingsun Mantaram baku | Tumênggung Kapulungan | alon matur sokur yèn dede ing Kêdhu | miwah Siyèn Bagêlèna | bok punuk anênulari ||

76. Surapawaka angucap | hèh Dahana têka kaya wong baring | kaya bèbèta kang mêngku | bawah Sagala Ajam | de tingkahmu iya têka nora patut | anjamahana kang lanang | lan maning iku bupati ||

77. dilalah pitulunging Hyang | wong kêkalih kang sawiji angling[50] | Kapulungan alon matur | nangis sarwi ngrarêpa | marang Surapawaka dhuh ariningsun | lah pun kakang uculêna | pasthi pira sun tuturi ||

78. pun kakang amêndhêt reyal | patang èwu tan wontên kang udani | padha reyal batu-batu [ba...]

--- [37] [37] ---

[...tu] | Surapawaka mojar | inggih pundi prênahe kakang tumênggung | panggenane kang pêndhêman | inguculan madu gêndhis ||

7. Dhandhanggula

1. yèn pun kakang andika unculi[51] | pasthinipun kawula atêdah | ingkang pinêndhêm prênahe | Surapawaka matur | lah ta kakang inggih suwawi | anulya inguculan | wau ki tumênggung | kalawan garwane pisan | nanging iya garwane dèn bosah-basih | marang Suradahana ||

2. Ki Tumênggung Kapulungan angling | inggih adhi sakidul gêdhogan | ngisor dalima prênahe | Surapawaka muwus | inggih kakang sami basuki | andika dipun enggal | manjinga wana gung | manawi ta tinututan | satêmahe andika cinêkêl malih | tumênggung amit kesah ||

3. garwanira tan bisa lumaris | sumlêngêrên wau solahira | nulya ginendhong garwane | apan ta kari pinjung | kang busana wus dèn dhèdhèli | marang Suradahana | ênêngna rumuhun | kang ngungsi mring Surabaya | kawarnaa wau gêgaman Mêntawis | kang samya anjêjarah ||

4. pitung dina wau wong Mêntawis | sabêdhahe kitha Pasuruan | rêrêbe kang baris kabèh | Martalaya winuwus | pan sakèhe kang pra dipati | prasamya rêrêmbagan | anèng tarub agung | para bupati sadaya | benjang Kêmis bubare bala Mêntawis | warnanên Jasupônta ||

5. apan namung antara sawêngi | sabêdhahe kitha Pasuruan | Ki Jasupônta udure[52] | baris jurang prêrau | pan adhêdhêg malang ing margi | sagung wadya Mantaram | tan sinungan wangsul | ajibêg jurang [ju...]

--- [38] [38] ---

[...rang] baita | wus miyarsa sagung kang para bupati | yèn Arya Jasupônta ||

6. Jurangpalwa ingkang dèn tuguri | dadya gunêm kang para dipatya | Ki Martalaya dêlinge | paran ta wadinipun | ing karsane sri narapati | Ki Arya Jasupônta | anèng marga tugur | upama sun dikakêna | ambêdhaha nagara liyan puniki | apan nora winêkas ||

7. Jêng Pangeran Purbaya sigra ngling | bokmanawa nacahkên bêrana | Ki Jasupônta lakune | nanging ta dudu iku | Ki Dipati Mandura angling | tinêdha tinêrajang | apa kang pinadu | Pangran Purbaya ngandika | lah ya paman prasasat gègèr Mêntawis | kang tugur Jurangpalwa ||

8. pan kawula wau Ki Dipati | Mandurarêja dènira ngucap | angrasa salahe dhewe | Ki Sêcasêdanèku | duk miyarsa anulya pamit | marang Ki Martalaya | wus budhal rumuhun | wus prapta ing Jurangpalwa | Kyai Dêmang Wêdana ngrangkêpi baris | panggih lan Jasupônta ||

9. Dêmang Singawêdana awarti | wau ingkang arsa panêrajang[53] | Pangran Mandurarêjane | Jasupônta gya mantuk | wus graita sajroning galih | kaya ujar mangkana | kang dèn ajak wau | dene ta nora nêrajang | dyan Ki Arya Jasupônta budhal aglis | saking ing Jurangpalwa ||

10. wus miyarsa wau sri bupati | yèn Ki Arya Jasupônta budhal | saking ing patugurane | saksana nulya laju | sagung ingkang bala Mêntawis | tan lami anèng marga | sêngkala ingetung | nênggih trus katêlu jagad | wong linuwih Jayasupônta wus prapti | anèng nagri Mantaram ||

--- [39] [39] ---

11. dyan warnanên wau Ki Dipati | Martalaya miwah pra dipatya | praptèng Mantaram lampahe | wus katur mring sang prabu | duk bêdhahe kutha ing wêngi | ya ta sagung dipatya | kang boyongan katur | trustha ing driya jêng sultan | Jasupônta datan arsa tur upêksi | ngandikan mring jro pura ||

12. sapraptane wau jroning puri | nèng ngarsane Jêng Sultan Ngalaga | Jayasupônta ature | dun[54] wontên Jurangprau | ingkang arsa nêrajang wani | Pangran Mandurarêja | nanging datan tulus | anêrajang patuguran | sri narendra liringe asêmu wingit | nanging datan kawêdal ||

13. Jasupônta wau nulya pamit | tan antara pan ana tri côndra | ucapên nagri Pajange | wus karsaning Hyang Agung | Adipati ing Pajang balik | rêmbag lawan Pangeran | Mandurarêjèku | apan dadi lêlayangan | samangsane ing benjang tengahing jurit | Pangran Mandurarêja ||

14. pan rêmbage ngamuk saking wuri | marang wadyabala ing Mantaram | apan wus dadi rêmbage | nanging nora na wêruh | dyan warnanên sri narapati | pan lagya siniwaka | kang para nung-anung | santana para punggawa | myang satriya prawira lurah prajurit | andhèr ing ngarsa nata ||

15. Singaranu majêng awotsari | alon mantur[55] mring Sultan Ngalaga | nagari ing Pajang mangke | pan inggih badhe mangsul | bôngga dhatêng tuwan narpati | wus agêng kang gêgaman | mêngsah sang aprabu | èsême asêmu cipta | sampun dugi wijile amitambuhi | sang nata angandika ||

16. lah ta môngsa mêngkonoa ugi | ya si paman Dipati ing Pajang [Pa...]

--- [40] [40] ---

[...jang] | nanging ta sun yêtèkake | mantri anom sirèku | tumanduka mring Pajang aglis | sira mundhuta kuda | si dumbaranipun | pamalêr ya Tambakbaya | kang ingutus mantri anom awotsari | lèngsèr saking ngajêngan ||

17. pan amawi surating narpati | lampahira wau mantri mudha | marang ing Pajang lakune | datan kawarnèng ênu | sampun prapta ing Pajang enjing | warnanên Sang Dipatya | ing Pajang ta wau | enjing pan lagya sineba | pan kasaru praptane dutèng Mêntawis | dumrojog nèng ngayunan ||

18. mantri anom lon dènira angling | lah dipati têdha tampanana | Prabu Ngalaga surate | dyan tinampanan gupuh | duk winaos sinukmèng galih | ya ta Dipati Pajang | angandika arum | Tambakbaya kudanira | muni nglayang pinundhut marang sang aji | nah anggèr ingandikan ||

19. ya si domba pinundhut sang aji | kayaparan babo aturira | Dyan Tambakbaya wuwuse | yèn pun domba pinundhut | luhung umur kula puniki | lawan bojo kawula | katur mring sang prabu | nulya lèngsèr Tambakbaya | kudanira sêmana dipun titihi | pan sarwi mutêr watang ||

20. atêtêgar kudanya anirig | Tambakbaya wau wuwusira | yèn ta mêksiha kang duwe | pasthine nora tulus | pan si domba mring jênêng mami | Ki Arya Tambakbaya | sarwi unclang lawung | anjèwèr ing kulitira | upamane kulitku ngong anggo jurit | nadhahi wong Mêntaram ||

21. pêsthi yèn kanggo satêngah sasi | dèn pêpanas utusan Mêntaram [Mê...]

--- [41] [41] ---

[...ntaram] | malongo dulu polahe | tan pamit kuduripun[56] | mantri anom nandêr kêpati | tan winarna ing marga | wau lampahipun | raina wêngi lumampah | sampun prapta nagari Mantaram enjing | sri narendra sineba ||

22. kagyat ningali sri narapati | mantri anom majêng atur sêmbah | katur sadaya solahe | Arya Tambakbayèku | sakalangkung amanas ati | mèsêm sajroning nala | wau sang aprabu | osiking driya mangkana | sapa baya kang prayoga anindhihi | ngalurug marang Pajang ||

23. anging iya Mandurarêjèki | sun tuduhe ngalurug mring Pajang | dimène ewuh atine | iku kang gawe mungsuh | angandika sri narapati | hèh Dipati Mandura | sira ingkang patut | ngaluruga marang Pajang | angirida sagung putra dika sami | kabèh wadya Mantaram ||

24. sakathahe punggawa Mantawis | padha sira nguculkên panglampah | desa Pajang sarupane | boyongên wonge iku | padha sira pèkên pribadi | ya ta sagung punggawa | nguculkên pan sampun | utusan marang padesan | ambêboyong ucapên wau sang aji | kondur malbèng wingkingan ||

8. Pangkur

1. sagung punggawa sewaka | maksih andhèr anèng ing pôncaniti | wontên utusan sang prabu | mêdal saking jro pura | sarwi bêkta waos lêligan puniku | pinaringkên Ki Mandura | dipati sigra nampani ||

2. sarwi dhawuhkên timbalan | hèh dipati timbalane [timbala...]

--- [42] [42] ---

[...ne] sang aji| kinèn budhal besuk esuk | dene lampah andika | munggwing têngah ingkang munggwing kananipun | Adipati ing Sumêdhang | wong ingsun kang dèn tindhihi ||

3. putra dika Ki Juminah | ki dipati wontêna anèng kering | aliya saking puniku | santana myang punggawa | pra dipati ênggène anèng ing pungkur | angiringa jêngandika | rampung timbalan narpati ||

4. Ki Mandura tur sandika | kagyat wau ana karasa ngati | ki tumênggung wus lumêbu | warnanên panangkilan | pra dipati sampun bubaran sadarum | prasami dandan gêgaman | sagunging para prajurit ||

5. ing dalu datan kucapa | wus siyaga ya ta wuwusên enjing | Pangran Mandurarêjèku | pêpak para santana | nuli nêmbang têngara bêndhe angungkung | para santana sumahab | prasami atata baris ||

6. wus budhal wadya Mantaram | pra dipati punggawa ing Mantawis | apan sarêng budhalipun | gumrêrah wadyabala | warna-warna daludag lan umbul-umbul | lir prawata kawêlagar | abra busananing mantri ||

7. para mantri barisira | wus atata anèng jawining taji | pan katunjang baris agung | anglarug lampahira | wong pradesan kang tinrêjang gêmpur tumpur | prasami ngêpung jro kitha | kang kacandhak dèn boyongi ||

8. gancanging carita prapta | ing Dalanggu prapta gaman Mantawis | pan namung rêrêp sadalu | enjanging nuli [nu...]

--- [43] [43] ---

[...li] prapta | lampahira ing dhusun Mayang puniku | kang dadi pangawat kanan | ing Karandhang dènnya baris ||

9. ya ta gantya kawarnaa | Adipati Pajang midhangêt warti | yèn Pangran Mandura wau | kang dadi senapatya | pagunêman Dipati Pajang lan wadu | miwah Arya Tambakbaya | Ki Mandura cidrèng janji ||

10. matur Arya Tambakbaya | ingkang botên-botên dipun raosi | mangsi bêcik kang tinêmu | kang Dipati Mandura | nadyan silih upama wuwuh mêmungsuh | kaya si dhawuk Mandura | pan botên kula singgahi ||

11. anuli nêmbang tangara | pan gumêrah punggawa Pajang baris | Ki Rôngga Jagarogèku | prapta sabalanira | Arya Tambakbaya saha wadyanipun | pitung ngatus kathahira | kalih atus kang sinêlir ||

12. Kajinêman kawan dasa | lêlurahe pun Rôngga Lalularis | lan pun Dêmang Lalulumpur | kalawan Lamporjaya | lawan Dêmang Lalupjah wastanipun[57] | kalawan Ki Setanrumab | kalawan Ki Lindhutasik ||

13. kalawan Ki Lindhuwrêksa | pan Ki Lesus Ki Rôngga Gonjang-ganjing | kalawan Ki Sidhungniwut | Ki Bancol Ngulêrkilan | Marcukundha Macundhêndha jajaripun | kalawan Ki Kêcilmimang | kalawan pun Baratgêni ||

14. kalawan Banjirludira | lan Ki Banjirsagara sisihnèki | kalawan Mêndhunggaludhug | lan Balêdhègangampar | lawan malih Banjirruditya [Ba...]

--- [44] [44] ---

[...njirruditya] ranipun | kalawan Gunasarana | sisih Ki Mangmangmurbèki ||

15. kalawan Ki Bajobarat | lan Ki Rangsangbiting pun Sidamati | asisih Ki Lodrabarung | kalawan Banjirbandhang | Banjirbathang Bathanglaut sisihipun | kalawan Ki Juranggrawah | lan Ki Rujak Gonjang-ganjing ||

16. lêlurahe ngupacara | numbak putih wasta Ki Lambangsari | asisih Andakalawung | lawan Gêbuglawêdan | Sabukparung Sabukwêlang Sabukdumung | kalawan Sabukbandhotan | Sabukdhiwêl Sabukkisi ||

17. sapalih wong Tambakbayan | Kyai Rôngga Jagaroga kang ngirid | wusnya mêdal kitha sampun | ingawe barisira | sakilèning baris Pajang prênahipun | Kajinêman Tambakbaya | tan ana sêdya ngunduri ||

9. Durma

1. kawarnaa barise wadya Mantaram | pangawat kanan nênggih | Dipati Sumêdhang | miwah wong ing Pasundhan | dene ingkang anindhihi | Pangran Juminah | lawan wadya Mêntawis ||

2. pan wus cêlak barise wadya ing Pajang | pan yun-ayunan jurit | dalu kawuwusa | balane Tambakbaya | pan wus rêmbug ngamuk wêngi | wong Kajinêman | baris dèn awe sami ||

3. têtindhihe Ki Dêmang Gunasarana | pun Mangmang Buyut Srênggi | lawan Mangmang Dana | pun edan sabên dina | Tumênggung Jagaraga glis | wong Tambakbaya | lah payo barêng mati ||

4. aja tunggal lan wong ingsun Jagaraga | pun Mangmang Kalasrênggi | asru wuwusira | pan sampun walangdriya | tan wontên bedane ugi | lan [la...]

--- [45] [45] ---

[...n] raka dika | Arya Tambakbayèki ||

5. Ki Tumênggung Jagaraga angandika | baris kêrandhang iki | payo tinêrajang | yèn sira prang raina | pêsthi yèn kasoran tandhing | môngsa mênanga | jitus lan wong Mêntawis ||

6. nulya budhal têngah wêngi wayahira | wong Kajinêman sami | lan wong Jagaraga | sêdya nungkul prangira | sêmana wus marêpêki | baris Mêntaram | warnanên wong Mêntawis ||

7. tan uninga wong Mêntaram pamondhokan | baris Pajang bêdhili | gègèr wong Mêntaram | wong Pajang sami surak | Kajinêman bêdhil bêkik | pangamukira | lir buta angsal daging ||

8. kathah pêjah kang baris anèng karandhang | tambuh mungsuh rowangi | gugup pan sasaran | samya kathah kang pjah[58] | Dipati Sumêdhang aglis | ngadêg nèng latar | ingkang bêndhe tinitir ||

9. ingkang wadya bingung tan kênèng tinata | pun Mangmang Kalasrênggi | sêmana wus prapta | ngarsane Ki Dipatya | Sumêdhang dipun larihi | kêna jajanya | niba sang adipati ||

10. nora pasah ananging nuntak ludira | bingung sang adipati | wadya ing Mêntaram | kang baris anèng mayang | myarsa nêmbang têngara glis | sami siyaga | wadyabala Mêntawis ||

11. sirna larut barise bala Sumêdhang | ngumpul wadya Mêntawis | Pangeran Juminah | tulung sawadyanira | acaruk bêdhil-binêdhil | kuwêl kang wadya | ngungkih bêdhil tan muni ||

12. samya riwut tambuh musuh lawan rowang | lir gabah

--- [46] [46] ---

dèn intêri | wangke susun tumpang | kang mati padha rowang | awiting prang têngah wêngi | wadya Mêntaram | saya kyèh ingkang prati[59] ||

13. Adipati ing Pajang sampun siyaga | saksana sarêng mijil | lan sabalanira | miwah Ki Tambakbaya | sami yun-ayunan jurit | lan wong Mataram | sigra bêdhil-binêdhil ||

14. sami golong pêngamuke wadya Pajang | sarêng têmpuh ing jurit | Arya Tambakbaya | lir buta amêmôngsa | lir badhaya dèn kêploki | saparanira | binedrongan ing bêdhil ||

15. Tambakbaya sawadyane ngamuk rampak | kukuh wadya Mantawis | ngungsi wadya Pajang | nanging pan tinadhahan | wong Pajang akèh kang mati | tatane bubrah | nanging maksa angungkih ||

16. pra santana sami ngawaki ing yuda | mila kukuh kang baris | Arya Tambakbaya | miwah prajurit Pajang | sadaya sami bêk pati | ngamuk lan watang | binedrong dening bêdhil ||

17. datan kongkih pêngkuh wadya ing Mantaram | wadya Pajang mangungkih | Arya Tambakbaya | balanira wus rusak | pan wus karsaning Hyang Widi | wadya ing Pajang | tan ana kang ngundhili ||

18. Adipati Madurarêja punika | nèng têngah barisnèki | mila tan katingal | dening Dipati Pajang | kang tansah dèn na anti[60] | êndi Madura | si dhawuk cidrèng janji ||

19. saka sira pan iya marganing pêrang | mêngko têka nyidrani | wadya ing Mataram | kathah samya miyarsa | wong Madura dèn pisuhi | marang wong Pajang | sami ginarit-garit ||

20. maksa ngungkih pangamuke Tambakbaya | balane kèh ngêmasi [ngê...]

--- [47] [47] ---

[...masi] | ya ta kathah pjah[61] | balane Tambakbaya | sami yudane kalindhih | Dipati Pajang | Tambakbaya kalindhih ||

21. gya lumayu ki arya lumêbèng pura | garwane dèn ampiri | lan sang adipatya | sarêng lumayu ngetan | gancanging carita prapti | ing Baturana | ngambil jungkung Sêmanggi ||

22. sampun numpak ing palwa lan ingkang garwa | Tumênggung Jagaragi | pan sarêng saksana | kudanira si dumba | kêcandhak baris Matawis | wadya Mataram | sagung para dipati ||

23. pan sadaya sami lumêbèng jro pura | kadhaton jinarahi | ya ta kawarnaa | wadya kang bujung mêsah | kandhêk Baturana sami | Dipati Pajang | wus lêpas dènnya milir ||

24. sêdyanira angungsi mring Surabaya | warnanên Surawèsthi | wau Jêng Pangeran | Surapringga miyarsa | yèn Dipati Pajang mangkin | kalah ing yuda | kalawan wong Mantawis ||

25. sampun prapta anggêganjar sri narendra | sagung para dipati | arta myang busana | warata wong Mêntaram | arta saking jroning puri | anggili mêdal | wutah donya Mêntawis ||

26. sabên-sabên sang nata apan mangkana | miwah yèn arsa jurit | wau sri narendra | miwah ing praptanira | sinigêg datan winarni | gantya kocapa | kang lumayu angungsi ||

27. sampun prapta wau nagri Surapringga | Dipati Pajang nênggih | miwah Tambakbaya | Dipati Jagaraga | agya sampun dèn timbali | mring Jêng Pangeran | Surapringga pan aglis ||

28. pinisalin wau dipati têtiga |

--- [48] [48] ---

Pangeran Surawèsthi | asru angandika | hèh Adipati Pajang | ya paran karsanirèki | bêcike sira | sun ulihakên malih ||

29. angirida wadya ingsun marang Pajang | ingsun dhewe nindaki | matur Tambakbaya | sampun paduka mêngsah | lawan Wong Agung Matawis | sami digdaya | punggawa ing Mantawis ||

30. pra santana tan ana pasah ing braja | Pangeran Purbayèki | nglangkungi pra kuswa | Pangran Pugêr digdaya | pangeran ing Mangkubumi | langkung prawira | Pangran Blitar prajurit ||

31. lan Pangeran Pringgalaya lan Juminah | Pangran Upasôntèki | punika digdaya | Pangeran Têpasana | Madurarêja prajurit | Salarong Pangran | maksih timur prajurit ||

32. sêrêng karsa Pangeran ing Surabaya | sêmu bang netra andik | anyandhak sanjata | mimisipun kêncandhak | anuli dipun isèni | gya sinanjata | Arya Tambakbayèki ||

33. pan tumiba mimise anèng ing jaja | gèpèng mimisirèki | gumuyu jro nala | mimis sigra cinandhak | ingaturakên tumuli | inggih punika | pêdhotaning Matawis ||

34. ya ta mèsêm Pangeran ing Surapringga | dukane amor asih | gawok kang tumingal | mantri ing Surapringga | sami ngalêm jroning ati | mring Tambakbaya | nuli sinung sêsilih ||

35. ingaranan wau Dipati Sanjata | pinutra-putra nênggih | anèng Surabaya | sadaya

--- [49] [49] ---

nagri wetan | Tambakbaya dèn trimani | putrè[62] dipatya | bagus asmarèng ati ||

10. Asmarandana

1. hnêngna datan winarni[63] | wau ta ing Surapringga | sawarsa sampun lamine | ya ta ingkang winursita | Sri Narendra Mantaram | enjing sineba wadya gung | pêpak sagung pra dipatya ||

2. santana para prajuit | pêpak andhèr ngarsa nata | sang nata ngandika alon | Martalaya Jasupônta | sira padha dandana | padha mênyanga anglurug | iya mring nagara Tuban ||

3. kabèh wadya ing Mantawis | satriya miwah punggawa | ya padha mangkata age | kang dadi têtindhihira | marang nagara Tuban | apan ta iya puniku | Si Tumênggung Martalaya ||

4. lan Si Jaya Santosèki | miwah si adhi Bragula | dèn kêrig pasisir kabèh | mêtua sakilèn kitha | dene Si Martalaya | kang mêtua saking kidul | kabèh gêgaman Mataram ||

5. ingkang kinèn awotsari | kabèh kang para dipatya | sri narendra angadhaton | ya ta kang para dipatya | kang anèng panangkilan | prasami bubar sadarum | sami pradandan gêgaman ||

6. ing dalu sami ngabêkti | ya ta kawarnaa enjang | gumrah swarane punang wong | Ki Dipati Martalaya | sampun nêmbang tangara | wus pêpak gêgamanipun | Miwah Arya Tambakbaya ||

7. para santana Matawis | gêgamane abra sinang | sowang-sowang [so...]

--- [50] [50] ---

[...wang-sowang] datan awor | Ki Dipati Martalaya | budhal lawan Ki Arya | Jasupônta anèng ngayun | gumêrah wadya Mataram ||

8. ingkang lumampah ing wuri | Ki Tumênggung Alap-alap | gumyah swarane punang wong | Adipati Martalaya | ingkang lumampah têngah | lawan Jasupônta ngayun | magêrsarinya akapang ||

9. para santana Matawis | dènnya lumampah ing wuntat | Jêng Pangeran Purbayane | lan Pangeran Singasêkar | Pangeran Pringgalaya | Pangeran Juminah wau | lan Pangeran Têpasana ||

10. Pangeran Pugêr tan kari | lan Pangeran Upasanta | Pangran Madurarêjane | miwah Pangeran Balitar | Pangeran Sêlarongan | Pangran Mangkubumi ngumpul | Pangran Tanpanangkil ika ||

11. gêgamane warni-warni | busanane abrang sinang | lir sêkar sêtaman abyor | tan winarna lampahira | jabaning taji prapta | gêgaman agêng anglarug | prapta sawetaning Pajang ||

12. ngalor ngetan lampahnya ris | anêrajang wanapringga | prapta ing gunung Kêndhênge | ya ta ingkang kawarnaa | Adipati Bragola | lajêng mring nagarinipun | enjang prapta ing Santênan ||

13. sakathahe wong pasisir | bang kilèn sami utusan | Kudus Dêmak Jêparane | Sêmarang miwah ing Kêndhal | ing Kaliwungu prapta | Pakalongan Batang rawuh | ing Barêbês miwah Têgal ||

14. sadaya wus prapta Pathi | sagêgamanirèng abra | sigra nêmbang [nê...]

--- [51] [51] ---

[...mbang] tangarane | wau Dipati Bragola | bodhol baris Santênan | swarane bala gumuruh | ginêlak lampahing bala ||

15. manawa kari ing kardi | lawan gêgaman Mataram | tan kawarna ing lampahe | prapta sakilèning Tuban | gêgaman ing Mataram | samana pan sampun rawuh | sakiduling kitha Tuban ||

15. gègèr wadya ing Matawis | prasami ngungsi jro kitha | warnanên wadya Tubane | lagya sineba ing wadya | prasami rêrêmbagan | pun Jayasantana wau | pêpatihira ing Tuban ||

16. angandika sang dipati | marang ing pêpatihira | hèh ta paran wartaning wong | gêgaman Mataram prapta | sapa kang ngirit lampah | sapa senapatinipun | matur Ki Jayasantana ||

17. kawula miyarsa warti | pun Dipati Martalaya | kang dadi senapatine | lan arine Jasupônta | dene kilèn punika | pasisir kilèn sadarum | Bragula têtindhihira ||

18. para santana Matawis | punika kêrig sadaya | tan wontên kantun purane | ngandika sang adipatya | sira lakokna duta | mring bang wetan jaluk bantu | ing Sampang mring Surabaya ||

19. lan sarupane wong Tubin | undangana dèn prayitna | angêkêba kitha bae | lawan mriyêmku bêrkatan | unggahna ing palatar | Si Sidamurti puniku | arêpna mring wong Mataram ||

20. ingkang ngarêpna wong Pathi | iya mriyêmku bêrkatan |

--- [52] [52] ---

tur sêmbah anuli lèngsèr | Ki Patih Jayasantika | apêpak wadyanira | tangara badhe angungkung | gumêrah wadya ing Tuban ||

21. sagunging wadya ing Tubin | binage pinatah-patah | kang tugur lawang sakènthèng | miwah kang jaga palatar | warnanên Surabaya | duta ing Tuban tumanduk | pan sarwi ngaturkên surat ||

22. sampun tinampan nulya glis | binuka ungêling surat | amentak tulung têmbunge | dadya Pangran Surabaya | gunêm lan wadyanira | ingkang tinuding têtulung | wau Dipati Sanjata ||

23, wong kalih èwu kang ngiring | Adipati Jagaraga | budhal sawadyabalane | kang kari wong Surabaya | prasami mêpak bala | baris anèng kithanipun | anjagani wong Mataram ||

24. manawa bêdhah ing Tubin | ambanjur mring Surabaya | gantya ingkang winiraos | lampahira Ki Sanjata | sampun prapta ing Tuban | tumamèng jroning kadhatun | wus panggih sang adipatya ||

25. nuli binêdhaha aglis | prajurit ing Surapringga | nuli tinata barise | warnanên bantu Madura | prapta mêdal lautan | awatara tigang èwu | sampun lumêbèng jro kitha ||

26. ana dening kang nindhihi | iya gêgaman Madura | Ki Aryamôndhalikane | lan Ngabèi Agisrana | Dêmang Kalasudira | sadaya sampun pinangguh | kang baris sampun tinata ||

27. ya ta Wong Agung Matawis | wau ta kang winursita | Dipati Martalayane | apan lagi sinewaka | sagung para santana |

--- [53] [53] ---

samya ingaturan wau | miwah Dipati Bragola ||

28. prasami gunêman pikir | sakèhe para dipatya | Ki Bragola angling alon | lah ta kakang Martalaya | suwawi benjang enjang | kutha punika ginêmpur | alami ngantos punapa ||

29. wingi bêbantu kang prapti | wadya Sampang Surabaya | ingkang angirid lakune | ing Surabaya punika | pun paman ing Sanjata | winitawis kawan èwu | lawan gêgaman Mandura ||

30. Ki Martalaya nauri | inggih anggèr yèn sambada | luwung ingantos wêdale | agêng gêgaman ing Tuban | botên layak mêmpênga | lan malih kang kathah bantu | mèsêm Dipati Bragola ||

31. dhuh kakang kula titèni | kongsi mêdal wong ing Tuban | mêdala katog mangkono | angungsi lair kewala | Adipati ing Tuban | amung jail warisipun | kêdhik wêwirang kaetang ||

32. ical wanguning dipati | anyudakakên prawira | nora umantêp ujare | gumujêng Ki Martalaya | anggèr dèrèng kantênan | manawi kaparêng purun | wong Tuban aprang abanar ||

33. yèn botên makatên inggih | suwawi ing benjang enjang | sami tinotol kithane | pan sampun rêmbag sadaya | Dipati ing Bragula | prasami bubaran kundur | dhatêng pasanggrahanira ||

34. gantia kucapa malih | ki adipati ing Tuban | gunêman wadyabalane | kalawan para dipatya | Radyan Arya Sanjata [Sanja...]

--- [54] [54] ---

[...ta] | angêcêk sêsanggupipun | kêdah omah nèng bêbanar ||

35. rêmbug pra mantri ingTubin | miwah prajurit Madura | mufakat prajurit kabèh | amung Dipati ingTuban | kêdah ngêkêpi kitha | dadi riyon ingkang rêmbug | kan bantu arsa mundura ||


Ngalaga (kembali)
Ngalaga
nênggih (kembali)
nênggih
Kurang satu suku kata: yèn ing padesan kabèhe (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn ing padesan kabèhe
anênggih (kembali)
anênggih
Lebih satu suku kata: sami tinampan sadarum (kembali)
Lebih satu suku kata: sami tinampan sadarum
Kurang satu suku kata: wondene ingkang atuwa (kembali)
Kurang satu suku kata: wondene ingkang atuwa
Sengkalan: sanjata tri bayu tunggal, (kembali)
Sengkalan: sanjata tri bayu tunggal,
Lebih dua suku kata: Pangran Natapura nurut (kembali)
Lebih dua suku kata: Pangran Natapura nurut
Suratani (kembali)
Suratani
10 Lebih satu suku kata: sagêgamaning yuda (kembali)
Lebih satu suku kata: sagêgamaning yuda
11 Lebih satu suku kata: sakapraboning jurit (kembali)
Lebih satu suku kata: sakapraboning jurit
12 Kurang satu suku kata: sira angirida baris (kembali)
Kurang satu suku kata: sira angirida baris
13 Kurang satu suku kata: hèh wong batur iya ika agni apa (kembali)
Kurang satu suku kata: hèh wong batur iya ika agni apa
14 Kurang satu suku kata: kathah wong pêjah (kembali)
Kurang satu suku kata: kathah wong pêjah
15 Kurang satu suku kata: dahat kangkat Pulangjiwa sigra niba (kembali)
Kurang satu suku kata: dahat kangkat Pulangjiwa sigra niba
16 Sengkalan: kang sanjata palwa kang maruta jagad (kembali)
Sengkalan: kang sanjata palwa kang maruta jagad
17 Lebih satu suku kata: hèh wong Mantaram cawisa (kembali)
Lebih satu suku kata: hèh wong Mantaram cawisa
18 Kurang satu suku kata: ênêngna kang lumampah (kembali)
Kurang satu suku kata: ênêngna kang lumampah
19 Kurang satu suku kata: prênahe saloring kutha (kembali)
Kurang satu suku kata: prênahe saloring kutha
20 Lebih satu suku kata: pangandikanira aris (kembali)
Lebih satu suku kata: pangandikanira aris
21 kirang (kembali)
kirang
22 Kurang dua suku kata: angrasa tan ana iku (kembali)
Kurang dua suku kata: angrasa tan ana iku
23 anuruta (kembali)
anuruta
24 mathuk (kembali)
mathuk
25 Kurang dua baris ke 3 dan 4: 8a dan 8i, (kembali)
Kurang dua baris ke 3 dan 4: 8a dan 8i,
26 munggwèng (kembali)
munggwèng
27 Kurang satu suku kata: Pangran Mangkubumi ngandika aris (kembali)
Kurang satu suku kata: Pangran Mangkubumi ngandika aris
28 mangkin (kembali)
mangkin
29 Kurang satu suku kata: yèn ana mungsuh anglambung (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn ana mungsuh anglambung
30 Kurang satu suku kata: lah inggih suwawi kakang (kembali)
Kurang satu suku kata: lah inggih suwawi kakang
31 Kurang dua suku kata: ênêngêna barise ingkang winuwus (kembali)
Kurang dua suku kata: ênêngêna barise ingkang winuwus
32 Kurang satu suku kata: nora katêmu ing watang (kembali)
Kurang satu suku kata: nora katêmu ing watang
33 langkung (kembali)
langkung
34 Kurang satu suku kata: wau ta ing pêjahipun (kembali)
Kurang satu suku kata: wau ta ing pêjahipun
35 Kurang satu suku kata: miwah babak kang kêmlaka (kembali)
Kurang satu suku kata: miwah babak kang kêmlaka
36 Kurang satu suku kata: sinêngkalan ingkang lalis (kembali)
Kurang satu suku kata: sinêngkalan ingkang lalis
37 Sultan (kembali)
Sultan
38 Sengkalan: ula gêdhe margèng bumi (kembali)
Sengkalan: ula gêdhe margèng bumi
39 Guru lagu seharusnya: 7a, pondhokna kidul kutha (kembali)
Guru lagu seharusnya: 7a, pondhokna kidul kutha
40 Lebih satu suku kata: poma dina Jumungah (kembali)
Lebih satu suku kata: poma dina Jumungah
41 Kurang tiga suku kata: apan lajêng lampahe anglarug-larug (kembali)
Kurang tiga suku kata: apan lajêng lampahe anglarug-larug
42 janjan (kembali)
janjan
43 sira (kembali)
sira
44 gagap-gugup (kembali)
gagap-gugup
45 Kurang satu suku kata: bêcik ucapên jana (kembali)
Kurang satu suku kata: bêcik ucapên jana
46 ingobongan (kembali)
ingobongan
47 Lebih tiga suku kata: katututan dharêsêl lan garwanipun (kembali)
Lebih tiga suku kata: katututan dharêsêl lan garwanipun
48 Tumêggung (kembali)
Tumêggung
49 Lebih satu suku kata: sigra mojar Suradahna nauri (kembali)
Lebih satu suku kata: sigra mojar Suradahna nauri
50 Kurang satu suku kata: wong kêkalih ingkang sawiji angling (kembali)
Kurang satu suku kata: wong kêkalih ingkang sawiji angling
51 uculi (kembali)
uculi
52 undure (kembali)
undure
53 anêrajang (kembali)
anêrajang
54 duk (kembali)
duk
55 matur (kembali)
matur
56 kunduripun (kembali)
kunduripun
57 Kurang satu suku kata: lawan Dêmang Lalupêjah wastanipun (kembali)
Kurang satu suku kata: lawan Dêmang Lalupêjah wastanipun
58 Kurang satu suku kata: samya kathah kang pêjah (kembali)
Kurang satu suku kata: samya kathah kang pêjah
59 prapti (kembali)
prapti
60 Kurang satu suku kata: kang tansah dèn anti-anti (kembali)
Kurang satu suku kata: kang tansah dèn anti-anti
61 Kurang satu suku kata: ya ta kathah pêjah (kembali)
Kurang satu suku kata: ya ta kathah pêjah
62 putrèng (kembali)
putrèng
63 Kurang satu suku kata: ênêngna datan winarni (kembali)
Kurang satu suku kata: ênêngna datan winarni