Babad Mantaram, Wôngsadilaga, c. 1920, #578 (Pupuh 11-20)


11. Durma

1. kawarnaa Adipati Martalaya | enjing tangara muni | gumrah wong Mataram | siyaga magut yuda | miwah Adipati Tuban | nêmbang tangara | umyang swaraning dasih ||

2. Arya Sindurêja prajurit Santênan | lan Arya Sawunggaling | Arya Mangunjaya | Ngabèi Wirasraya | Tumênggung Rajamênggali | sampun siyaga | andêl-andêling Pathi ||

3. pra santana Mataram sampun siyaga | lan sagung pra dipati | Arya Jasupanta | panganjuring ayuda | wadya ing Tuban udani | wong ing Mataram | arsa angrapit wani ||

4. wadyaTuban sigra anêmbang tangara | sagunging saragniKurang satu suku kata: sagunging saragêni | minggah ing palatar | mriyêmira jinajar | sigra punggawa Matawis | sarêng umangsah | surake wanti-wanti ||

5. adipati ing Pathi sarêng umangsah | sarêng ambyuk kang jurit | kumroyok tantangnya | sami gologolong pêpanthan | sigra Adipati Pathi | nitih turôngga | adhangah dèn payungi ||

6. kudanira adipati ing Santênan | nama si pulanggniKurang satu suku kata: nama si pulanggêni | bopong ulêsira | ingkang busana mubyar | nèng têngah rana asirig | wadya ing Tuban | kumrutug ambêdhili ||

7. bêdhil alit [a...]

--- [55] [55] ---

[...lit] tinta klawan kalantaka | lir udan ingkang mimis | wong Pathi kang mangsah | sami kathah kang pjahKurang satu suku kata: sami kathah kang pêjah | miwah wadya ing Matawis | kathah kang pjahKurang satu suku kata: kathah kang pjah | wong Tuban ambêdhili ||

8. wong Mataram marakakên ingkang tigas | anggawa pacul linggis | wong Pathi mangkana | prasami gawa ôndha | Ki Dipati Bragolèki | angatag bala | kitha kinèn ngunggahi ||

9. wong ing Pathi kutha iku unggahana | kumêrut wadya Pathi | marakakên ôndha | miwah wadya Mataram | gugub wong Tuban ningali | mriyêm bêrkatan | kang aran Sidamurti ||

10. gih pun gêlap sarêng rêmpu kalihira | jola Dipati Tubin | langkung ngungunira | dhasare wruh ing driya | osiking tyas sang dipati | tan wande bêdhah | nagaraTuban iki ||

11. Sidamurti iyaiku babêrkatan | mêngko wus pisah iki | pasthine salaya | rusake kitha Tuban | kapriye ta ingsun iki | lamun kalaha | anuli brêbês mili ||

12. ki dipati pinarak lawan garwanya | pan sampun dèn bisiki | kabèh garwaningwang | padha sira dandana | lah payo lolos tumuli | bok kêrainan | mungsuh Mataram prapti ||

13. bok kacandhak marang wong Bagêlèn ika | ambêri bajak angkrik | iya dadi apa | wong Kêdhu dhugal-dhugal | sok mênanga ngajak angkrik | angur ngiliya | mupung tamban samangkin ||

14. panakawan kinèn nimbali niyaga | tan dangu nuli

--- [56] [56] ---

prapti | pan kinèn gamêlan | anèng paseban jaba | badhaya kinèn ngêploki | asukan-sukan | dèrèng suda ing galih ||

15. maksih pajêg barise nèng palataran | warnanên sang dipati | mêdal lan garwanya | saking sajroning pura | wus prapta pinggir pasisir | wus numpak palwa | sira Dipati Tubin ||

16. panakawan têtiga ingkang binêkta | garwanipun kêkalih | sêliripun tiga | liyanipun punika | tan ana midhangêt warti | sêpên ing kitha | wau sang adipati ||

17. nuli ana wong dalêm ingkang pawarta | marang sang adipati | sarta aturira | raka dika wus minggat | anjêngêr sang adipati | wadya Madura | pisuhira dharidhil ||

18. baya dudu Si Tuban tusing prawira | kaya bèbèk pangarit | dene wêdi pjahKurang satu suku kata: dene wêdi pêjah | cidranipun akathah | dene alune ngapusi | wong tinulungan | têka minggat si anjing ||

19. nuli bubar barise wong Surabaya | ing wayah bangun enjing | wadya ing Madura | enjang numpak baita | wong Tuban mawut anggiling | tangis gumêrah | wong dalêm ting jalêrit ||

20. sirna larut kang baris anèng palatar | gusis wus sami ngili | arêbut baita | gugub tunjang-tinunjang | kathah sarat palwanya ris | tumpang-tinumpang | wênèh kèrêm jaladri ||

21. wus miyarsa wong Pathi miwah Mataram | gumêrah jro-/ ning puri [57] [57] | panjriting wanita | anêrka wong Mataram | wus minggat sang adipati | bubrah palatar | wong Pathi anglêboni ||

22. bata kilèn wong Pathi ingkang binubrah | dening wadya Matawis | kidul kang binêdhah | sami manjing sadaya | wong dalêm rinêbat wani | kadhatonira | jinarah dèn boyongi ||

22. sakathahe wong dalêm wis jinarahan | sami binêkta mijil | dinum lir rajapanranjapan (dan di tempat lain). | ri sampunnya mangkana | wong Mataram lan wong Pathi | agêgunêman | undure wong Matawis ||

23. sri narendra lagya miyos siniwaka | anèng ing pôncaniti | kasaru praptanya | Dipati Martalaya | lawan Adipati Pathi | sah atur sêmbah | wus katur mring sang aji ||

24. trusthèng driya sang nata kalangkung suka | katur tingkahing nguni | Adipati Tuban | sang nata anggêganjar | marang sagung pra dipati | para santana | waradin pra dipati ||

25. para Mantri Mataram tampi ganjaran | miwah kang wadya alit | datan kaliwatan | sami tampi ganjaran | suka tyasira sang aji | miwah kang wadya | kasmaran ing ajurit ||

12. Asmarandana

1. ya ta wau ing sang aji | sri narendra ing Mataram | adangu gènira miyos | sira Arya Jasupônta | sun junjung lungguhira | lan sun paringi jajuluk | Tumênggung

--- [58] [58] ---

Sujanapura ||

2. misuwur mongwong samatawis | lamun Arya Jasupônta | wus jinunjung mring sang katong | Tumênggung Sujanapura | têtindhih wong panêkar | asisih lan arinipun | Adipati Martalaya ||

3. bubar sang nata tinangkil | miwah sagung kang sewaka | mantuk marang ing wismane | namung lêrêb limang warsa | sultan miyos sineba | pêpak punggawa supênuh | santana miwah satriya ||

4. sri narendra ngandika ris | Tumênggung Sujanapura | sira pradandana age | tindhihana wong Mataram | bêdhahên ing Madura | iya kuthane puniku | lawan si adhi Bragola ||

5. kang sun karya senapati | Tumênggung Sujanapura | kang dadi wêwakil ingong | lawan si kakang Sumêdhang | miwah adhi Bragola | wong pasisir sadaya wus | mangkata ing benjang enjang ||

6. tur sêmbah ingkang tinuding | Tumênggung Sujanapura | bingar saksana ing tyase | lami dènnya ngarsa-arsa | wau karsa narendra | ambêdhaha nagara gung | pêjah angayahan nata ||

7. jêng sultan ngandika malih | hèh Tumênggung Alap-alap | lan Si Katawêngan bae | sira amisaha lampah | pan sira angriwuka | mring Surabaya ing besuk | dimèn awuh aja tandang ||

8. adhi Bragola dèn aglis | muliha marang Santênan | angirida pasisire | kakang Sumêdhang barênga | lawan Sujanapura | wong Pranaraga Madiyun | iridên mêtu ing dharat ||

--- [59] [59] ---

9. rampung timbalan narpati | kondur sang nata ngadhatyan | warnanên panangkilane | sagung kang para dipatya | sami bubar sadaya | kang samya andon anglurug | prasami dandan sanjata ||

10. ing dalu datan kawarni | enjang anata gêgaman | gumyah gumêrah swarane | Tumênggung Sujanapura | nulya nêmbang tangara | wong Sujanapura ngumpul | saha kadang para lurah ||

11. ki adipati ing Pathi | sigra anêmbang tangara | sampun dhingini lakune | mantuk mring nagaranira | lampahe tan winarna | gêgaman agêng nèng pungkur | budhal saking ing Mataram ||

12. wus prapta jabaning taji | swarane wadya wurahan | lir gunung guntur swarane | gaman lir prawata sêkar | ngêbêki wanapringga | agolong sajuru-juru | daludag abra asinang ||

12. ingkang lumampah ing wingking | Ki Tumênggung Jagabaya | lan Panji Wirabumine | Ki Ngabèi Patrabôngsa | Dêmang Suradêksana | lan Ki Rôngga Ngawu-awu | lan Si Panji Singajaya ||

13. ingkang lumampah ing ngarsi | Tumênggung Sujanapura | asri tinon busanane | sagung ingkang pra pangeran | lumampah anèng têngah | gêgaman asri dinulu | lir prawata kawêlagar ||

14. ginêlak lampahing baris | gancanging carita prapta | nagari Pajajarane | Ki Tumênggung Katawêngan | lan Tumênggung Lap-alap | pan wus misah barisipun | wus anginêp Surabaya ||

--- [60] [60] ---

15. prapta têpiswiringnèki | Surabaya binajagan | wong desa katrajang gègèr | nahnêng datan kocapaKurang satu suku kata: ênêngna datan kocapa | gantya ing Pathi ika | tata gêgaman gumuruh | sira Dipati Bragola ||

16. sapraptanira ing Pathi | pasisir wus ingutusan | sarta sawadyabalane | prasami dandan baita | andhèr pinggir muara | ing wana gènnya angumpul | sagunging para dipatya ||

17. sira Sang Dipati Pathi | apan lagi anggêganjar | marang ing wadyabalane | agêng alit kawêratan | santana myang punggawa | arta myang busananipun | samya waradin sadaya ||

18. pêpatihira dipati | sira Arya Mangunjaya | lan Arya Jasupantane | dening para mantrinira | Ngabèi Wirasraya | Ngabèi Prawiratanu | Ki Dêmang Panantangyuda ||

19. lan Ki Arya Sawunggaling | Ki Ngabêi Wilatikta | lan Arya Panatasingron | Ngabèi Patramanggala | Ki Dêmang Jalêksana | lan Ngabêi Jawinangun | Ki Tumênggung Binarongan ||

20. baitane warni-warni | pasisir para dipatya | Lêmbugiyunta kècine | jêjêl baita muara | jungkung maya ariban | abra kang baita sêlub | miwah kang baita kapal ||

21. ya ta Adipati Pathi | lajêng anumpak baita | Lêmbugiyunta palwane | pacalang momotan wadya | saha busananira | para Dipati Matarum | prasami numpak baita ||

--- [61] [61] ---

22. ambêkta gamêlan sami | wau Dipati Bragola | tigang rancak gamêlane | Kodokngorèk munggwing ngarsa | pelok kang munggwing têngah | salendro kang munggwing pungkur | galaganjure tinêmbang ||

23. swarane gamêlan asri | lampahe sangsaya nêngah | pinungkul angin agêngê | baita pating balêsar | pan sami prajanjean | sêranging Tuban puniku | labuhe wadya Mataram ||

24. baitane wong pasisir | akathah kang rêbut papan | kang satêngah ana kêndho | ana kadi kuda nyongklang | sawênèh kuda ngêrab | ingkang rikat sampun rawuh | ujung muara ing Tuban ||

25. hnêngna ingkang winarniKurang satu suku kata: ênêngna ingkang winarni | kang anèng têngah nglautan | agantya winarna mangke | Tumênggung Sujanapura | ingkang mêdal dharatan | prapta anèng ing Madiun | wadya Mataram sadaya ||

26. ngantosi Dipati Pathi | lawan pasisir sadaya | wuwusên wau lampahe | Dipati Sujanapura | wus prapta nagri Tuban | prasami makuwon sampun | sagung kang para dipatya ||

27. wau kang anèng jaladri | sadaya mêntas dharatan | Ki Dipati Bragolane | panggih lan Sujanapura | prasami pirêmbagan | anuli mundhut parau | Tumênggung Sujanapura ||

28. para bupati pasisir | sadaya saos baita | ingkang badhe titihane | Tumênggung Sujanapura | miwah wadya Mataram | sinaosan palwa sampun | baita aglar

--- [62] [62] ---

muara ||

29. wus dadi rêmbuging jurit | sagung kang para dipatya | layar marang Madurane | Tumênggung Sujanapura | nitih palwa lêlanang | kang wadya mancal sadarum | kumêrab lampahing wadya ||

30. ki adipati ing Pathi | lêmbu ingkang tinihanKurang satu suku kata: lêmbu ingkang tinitihan | miwah sagung santanane | prasami nitih palawang | satriya ing Mataram | sami sinaosan sampun | têtindhih sêdhêng taruna ||

13. Sinom

1. wus angancik ing muara | nagara lêlima sami | prapta gêgisik Madura | warnanên Madura nagri | ingkang para bupati | ing Sampang Ngaribayèku | Dipati Pakacangan | Sumênêp sampun miyarsi | yèn Wong Agung Mataram sêdaya prapta ||

2. prasami mêpak gêgaman | nèng Madura dènnya baris | samana apagunêman | sagung kang para dipati | Natèng Madura angling | kabèh padha sabiyantu | nadhahi wong Mataram | aja na sulayèng budi | yèn riyona ènthèng sinangga ngayuda ||

3. iya gêgaman Mataram | sartane ingkang nindhihi | Tumênggung Sujanapura | ingkang dadi senapati | pranakaning Kadhiri | Sujanapura atêguh | tate amangun yuda | dèn padha yitna ing jurit | kawarnaa wong Mataram sampun prapta ||

4. gègèr wadya ing Madura | gumêrah atata baris | wus budhal saking nagara | prapta pinggiring pasisir | prasami dèn jagani | wong Mataram minggahipun [ming...]

--- [63] [63] ---

[...gahipun] | sampun ayun-ayunan | prasami bêdhil-binêdhil | ramening prang swarane kadi ampuhan ||

5. wong Mataram karepotan | nora olèh papan jurit | sami kathah ingkang pjahKurang satu suku kata: sami kathah ingkang pêjah | mundur sami nandhang kanin | nanging maksa angungkih | para prajurit Matarum | miwah wadya Santênan | nulya kasaput ing wêngi | sami mundur wong Mataram rêrêmbugan ||

6. Dipati Sampang Madura | Sumênêp lan Aribanggi | ing Balega Pamêkasan | prasami gunêmêngunêman wêngi | Pangran Balega angling | kadipundi karsanipun | sakèhing pra dipatya | prajurite wong Matawis | sampun tita tan purun minggah paratan ||

7. manawi rêmbag sadaya | dimèn minggah wong Matawis | yèn wus minggah ing paratan | sêdhêng angantêpa jurit | yèn asor wong Matawis | pasthi lêbur dening banyu | puniku babar pisan | pasthi botên mangsah malih | wong Mataram pasthi lêbur dening toya ||

8. para bupati wus rêmbag | sami ngudhanganngundhangan ing latri | sakèhe para prawira | prasami mêndhêm kariyin | mèn cunggah wong Matawis | satêlase baturipun | yèn mêntas mring paratan | anulya dèn amuk wani | pasthi bubar wong Mataram ting kurambang ||

9. kunêng ingkang kawuwusan | agênti ingkang winarni [wi...]

--- [64] [64] ---

[...narni] | Tumênggung Sujanapura | lan sagung para prajurit | prasami dèn utusi | sadaya sami tumurun | nitih baita kapal | pra dipati sampun prapti | pan uminggah mring palwane Janapura ||

10. prasami apagunêman | Janapura muwus aris | mring sagung para dipatya | paran dayanira jurit | wong cilik akèh mati | datan ana dayanipun | inggih anggèr Santênan | kadospundi ingkang galih | ngamuênangamungêna makatên môngsa sampuna ||

11. miwah Pangeran Sumêdhang | lah dawêg ingkang pinikir | angling Dipati Bragola | pan dika kakang rumiyin | karsa dika sayêkti | kawula darmi lumaku | miwah para dipatya | sadaya sami nglampahi | sakalangkung pangêrèhe kakang êmas ||

12. sanadyan kakang Sumêdhang | môngsa puruna nglancangi | kakang saking karsa dika | Janapura muwus aris | pan inggih yèn suwawi | sami ngawaki prang pupuh | sampun ngamungna wadya | sakèhing para dipati | angirida para bupati sadaya ||

13. ya ta Dipati Bragola | miyarsa lêga ing galih | mring wuwuse Janapura | ngandika Dipati Pathi | inggih kakang suwawi | sami rêmbag gathak-gathuk | botên kakèhan polah | dipati sami ngawaki | sampun rêmbug sagung kang para dipatya ||

14. sakèhing para dipatya | ingkang arsa mangun jurit | bupatine nindhihana | lamun pinapag ing jurit | sakèhing [sakèh...]

--- [65] [65] ---

[...ing] wong pasisir | pan nêdha barêng angamuk | aja ana ngungsira | dèn nêdya barênga mati | pra dipati sami gilig rêmbugira ||

15. sampune aprajanjeyan | mangkana wus bangun enjing | sadaya minggah dharatan | sasampuning rêmbag sami | bubar kang gunêm pikir | wus prapta baitanipun | sagung para dipatya | wadyane sampun acawis | kawarnaa sarêng wanci bangun enjang ||

16. sami minggirakên palwa | prajurite rêbut dhingin | tan ana sabawanira | prasami mêntas aririh | sami angati-ati | prapta ing dharatan wau | sigra nata gêgaman | wadya Mataram nindhihi | ing wurine wadya pasisir sadaya ||

17. samana wus byar raina | gêgamane wus piranti | pasisir sami busêkan | dene wadya ing Matawis | mriyêm pinasang sami | kalantaka miwah masbun | mlela lawan lêlanang | ênggèning sampun miranti | kang kocapa wong Sampang lan Balega ||

18. sarêng wayah bangun rina | prasami kinèn dombani | kagyat dènira tumingal | dene wong Mataram prapti | miwah wadya pasisir | pan wus tata barisipun | miwah para santana | gêgamane wus andadi | ungguling prang angêdhangkrang pinayungan ||

19. Tumênggung Sujanapura | kang dadya dhadhaning jurit | kang dadi pangawat kanan | wau dipati ing Pathi | adhangah payung kuning | pangawat kanan puniku | pangeran [pangera...]

--- [66] [66] ---

[...n] ing Sumêdhang | lan sagung môncanagari | wong pasisir ngiring Dipati Bragola ||

20. para santana Mataram | ênggène nèng wuri têbih | Tumênggung Sujanapura | tangara bêndhe myang bèri | miwah Wong Agung Pathi | kang bêndhe tinabuh ngungkung | têtêgnya asauran | swarane wong ing pasisir | ting jalêmprit barungan kriciking watang ||

21. ing Sampang sigra tangara | wadya lit atata baris | kadhinginan papanira | dening têkane awêngi | tan ana bana sami | kalamun ngunggahan dalu | gugub sakèhing wadya | pati-pati babêntusi | wong Mataram surake ambal-ambalan ||

22. wong Madura sami mêdal | tatane pating bêlasik | agugub yèn sêlak prapta | wadya Mataram bêdhili | bala Sampang kèh mati | wong Madura singa mundur | apan wus kaprantenan | singa mara mara mati | wong Madura singa mundur nandhang brana ||

23. sagunging wong Maduranan | pra dipati ngarsanya ris | sami ngawaka priyangga | sami ngantêpa ajurit | dipati papat kait | wus sêdya sarêng angamuk | dipati ing Mêkasan | wus rêmbag ngantêp ing jurit | wus arêmbag lêlêbur anèng jro pura ||

24. kait lan wong Surabaya | Balega Sumênêp sami | sampun arêmbag sadaya | Dipati Sampang nuruti | rêmbagnya pan wus dadi | anulya tangara nêmpuh | surak ambal-ambalan |

--- [67] [67] ---

kadi ombaking jaladri | kumarutug lir pawataparwata guwang sela ||

25. kalantaka asauran | kumrutug sanjata muni | swarane kadi ampuhan | sêsambate wadya kanin | wong Sampang akèh mati | wong Mataram samya luput | wong Madura kèh pjahKurang satu suku kata: wong Madura kèh pêjah | prandene maksa angungkih | ambêg pjah wong Sampang majêng sadayaKurang satu suku kata: ambêg pêjah wong Sampang majêng sadaya ||

26. sami sudira ing manah | bupati sami ngawaki | ing Mataram sigra mara | pangagêng sigra ngawaki | dipati ing pasisir | Bragola têtindhihipun | sarêng mangsah ing yuda | wong Sampang anêmpuh wani | sarêng ngamuk tan ana nêdya mundura ||

14. Durma

1. prajurite wong Mataram sigra mara | aran Ki Jagapati | tandange lir sima | sêsuta suda pangan | wong Mataram anadhahi | prasami pjahKurang satu suku kata: prasami pêjah | ana prajurit maning ||

2. anarajang ingkang aran Jayèngkara | lawan Ki Jayèngpati | lawan Jayèngbrata | lawan Rôngga Gundhala | Jayèngrana datan kari | Suradilaga | lêlurahing prajurit ||

3. mangundara kalawan Dêmang Cêkakak | lan Rôngga Thonathani | Dêmang BêranaKurang satu suku kata: Ki Dêmang Bêrana | lan Dêmang Bêgajagan | Ki Ngabèi Golang-galing | Panji Porangan | lan Dêmang Bolak-bolik ||

4. sarêng nêmpuh tandange lir gajah mêta | wong Pathi anadhahi | Dipati Bragola | akukuh yudanira | angêdhangkrang payung kuning | ingamuk sigra | dèn êbyuk [ê...]

--- [68] [68] ---

[...byuk] tan gumungsir ||

5. prit anêba gêlare wadya Madura | sadaya golong pipis | sagunging dipatya | kapat ngawaki yuda | wadya Mataram nadhahi | ulêng-ulêngan | rame asilih ungkih ||

6. wong Mataram gêlare garudha nglayang | sabête wadya Pathi | bala ing Pasundhan | tinêmpuh pêngkuh tadhah | wong Madura anguwati | dimêr ngamuknya | tan ana ngucap ajrih ||

7. Adipati Pasundhan balane rusak | mawur wadya pasisir | Dipati Sumêdhang | tinilar wadyanira | wus rusak tataning baris | ya ta tumingal | adipati ing Pathi ||

8. ngajêngakên sagunging môncanagara | ngêbyuki saking kering | binendrong sanjata | miwah Sujanapura | anrêgakên ingkang baris | wadya Mataram | prasami buwang bêdhil ||

9. caruk awor kang yuda sami prawira | rame ingungkih-ungkih | aliru gonira | tan ana nêdya gêsang | wong Madura akèh mati | karoban lawan | ngamuk tan angundhili ||

10. Adipati Sumêdhang sawadyanira | ingkang lumayu bali | nêlambung ing yuda | wong Madura anjola | wus rusak tataning baris | saya kèh pjahKurang satu suku kata: saya kèh pêjah | miwah kang nandhang kanin ||

11. wong Madura sakarine ingkang pjahKurang satu suku kata: wong Madura sakarine ingkang pêjah | ngisis lumayu gêndring | sami salang tunjang | dipati ing Madura | Sumênêp sami lumaris | wadya Madura | palayune tan olih ||

12. wong Mataram pamburune lir danawa | amôngsa olèh daging | wadya ing Mataram | lir

--- [69] [69] ---

bajo angêjawa | ingkang kacandhak kèh mati | mawut sasaran | pati-pati bêntusi ||

13. pan kasaput ing dalu sapih kang yuda | amasanggrangan sami | sagung pra dipatya | Tumênggung Janapura | miwah Adipati Pathi | wus masanggrangan | suka wadya Matawis ||

14. Ki Tumênggung Sujanapura samana | akasukan ing latri | sami babêdhayan | kumpul wong Janapuran | wau kang Dipati Pathi | sabalanira | sami sayah ing jurit ||

15. Adipati Bragola eca anendra | gantya ingkang winarni | wong Sampang Balega | Sumênêp ing Mêkasan | Pakacangan Aribanggi | apagunêman | sêdya mangamuk wêngi ||

16. Adipati Mêkasan asru ngandika | ana anggawa mênir | padha sasêliran | mantri ingkang prawira | sok matia salah siji | wong ing Mataram | kang dadi senapati ||

17. pondhokane Dipati Sujanapura | payo jinujug dhingin | anuli umangkat | wong Sampang wong Balega | Sumênêp lan Aribanggi | anulya prapta | pondhokaning Matawis ||

18. wus lumêbu pondhokane Janapura | sigra angamuk wani | gègèr wong Mataram | Tumênggung Janapura | badhayane dèn kêploki | angamuk rampak | kumroyok anumbaki ||

19. Adipati Mêkasan nuli narajang | mring Jnapura aglisKurang satu suku kata: mring Janapura aglis | sigra anêlêmpak | Tumênggung JnapuraKurang satu suku kata: Tumênggung Janapura | atangginas tangkis kêris | maksa dharadhag | gulu iringan kêni ||

20. amung bilur

--- [70] [70] ---

Sujnapura anibaKurang satu suku kata: amung bilur Sujanapura aniba | pan nuli dèn kakahi | mring sang adipatya | ing Pamêkasan sigra | sinuduk jajanya kêni | lali sakala | uwal dènnya ngakahi ||

21. wus lumayu Dipati ing Pamêkasan | pan sarwi nandhang kanin | ingkang ngamuk bubar | Dipati ing Mêkasan | pjah anèng puranèkiKurang satu suku kata: pêjah anèng puranèki | SujnapuraKurang satu suku kata: Sujanapura | pjah nèng puranya glisKurang satu kata: pêjah nèng puranya glis ||

22. sakathahe para santana Mataram | tan ana mirsa warti | wong môncanagara | pasisir tan uninga | jêjêlèh pating jalurit | Sujanapura | swarane wong anangis ||

23. ing pondhokan Sujanapura gumêrah | ya ta Wong Agung Pathi | pan sampun siyaga | miwah sawadyabala | para bupati pasisir | sigra tangara | gumrah swaraning jalmi ||

24. wus misuwur Tumênggung Sujanapura | pan sampun angêmasi | Dipati Bragola | kalangkung ngungunira | wadya Mataram awringwringnawingwrin | têtungguling prang | dene sampun ngêmasi ||

25. pra santana sadaya pan sampun prapta | ing Janapuran aglis | Dipati Bragola | pangeran ing Sumêdhang | prasamya rêmbagan sami | para santana | lan sagung pra dipati ||

26. sapêjahe Tumênggung Sujanapura | kêkês wadya Matawis | dadya rêmbagira | santana pra dipatya | wau Adipati pathi | ingkang kinarya | uyun-uyuning jurit ||

27. Jêng Pangeran Sêlarong ing rêmbagira | mantuk dhatêng Matawis | ngunjuki uninga | dhatêng sri naranata | Pangeran Sêlarong aglis | numpak [nu...]

--- [71] [71] ---

[...mpak] ing palwa | tan kawarna ing margi ||

28. gêgancangan lampahe prapta Mataram | lumêbèng jroning puri | umatur sang nata | amba atur uninga | ngaturakên pati urip | tiwasing karya | tan jaya ing ajurit ||

29. abdi dalêm Sujanapura palastra | giris wadya Matawis | tan wontên maguta | yudane wong Madura | anjêngêr sri narapati | datan ngandika | Sri Bupati Matawis ||

30. hèh Sêlarong kayaparan karsanira | ing mêngko wong Matawis | yèn mêngkono uga | apa kinèn mundura | Pangran Silarong tur bêkti | atur kawula | nuwun duka narpati ||

31. yèn marêngi ing karsa sri naranata | pun kaki Jurukithing | tuwan lampahêna | dhumatêng ing Madura | kagyankagyat ngandika sang aji | pan maksih gêsang | si kaki Jurukithing ||

32. pan dèn aglis ya si kaki timbalana | milua nglurug aglis | marang nagri Sampang | sigra Pangran Dipatya | Silarong tur sêmbah pamit | mijil ing jaba | gêgancangan lumaris ||

33. tan winarna ing marga sampun aprapta | ing Pagambiran aglis | anuli kapêdhak | kalawan ingkang eyang | sinapa sêbdanya risKurang satu suku kata: sinapa sêbdanya aris | dhatêng kang eyang | Pangran Slarong ngujungi ||

34. sapa iki kang wayah sigra tur sêmbah | wayah dika pribadi | Silarong Pangeran | kagyat wau kang eyang | kadi pangeran praptèki | baya na karya | pangran umatur inggih ||

35. pan kawula ingutus wayah paduka | Sri Narendra Matawis | nimbali paduka | lah iya ana

--- [72] [72] ---

apa | animbali marang mami | karsa narendra | pangran umatur aris ||

36. lah paduka eyang kinèn angluruga | mring Madura nagari | ingkang prang Madura | senapatine pjahKurang satu suku kata: senapatine pêjah | wong Mataram sami wingwrin | mila paduka | abantu ing ajurit ||

37. asarênga eyang kalihan kawula | abantu ing ajurit | Ki Juru lon ngucap | wus lali ingsun aprang | lêlakone tan kadugi | matur kang wayah | kawula tandhu kaki ||

38. sigra mangkat Ki Juru lawan kang wayah | nitih tandhu nulya glis | tan kawarnèng marga | prapta ing ngarsa nata | sri narendra ing Matawis | dika lumampah | mring Madura nagari ||

39. sigra Pangran Salarong mangkat sawadya | lan Kyai Jurukithing | tan kawarnèng marga | prapta nagri Madura | wau ta samya kapanggih | para dipatya | lawan Ki Jurukithing ||

40. sami inggar sagung kang para dipatya | sadya angujungi | miwah pra santana | sami atur pranata | mangraub padanya aglis | ya ta ngandika | Pangeran Jurukithing ||

41. sapa baya sapatine Janapura | senapatining jurit | matur pra dipatya | inggih wayah andika | ki adipati ing Pathi | ingkang minôngka | senapatining jurit ||

42. Kyai Juru angliwêt ing kêndhilira | pan sampun matêng aglis | nuli kinêpêlan | Ki Juru angandika | hèh

--- [73] [73] ---

jêbêng Dipati Pathi | sira dumana | mring sagung pra dipati ||

43. wus ingêdum sakèhing para dipatya | ya ta wadya Matawis | ingkang pjah ranaKurang satu suku kata: ingkang pjêah rana | prasami ginêntenan | marang ing anakirèki | kang tanpa suta | kapunakan kang dadi ||

44. kang sawênèh sadulure kang gumantya | sawênèh sanaknêki | ingkang lêsning pisan | tanpa suta myang kadang | pratinggine desa dadi | sampun warata | sêsulihing kang mati ||

45. Pangran Juru samana akèn liwêta | pan kêndhilira malih | aglis matêngira | apan sami dinuman | sawarnane kang prajurit | sampun warata | sigra tangara muni ||

46. pan gumêrah swarane wadya Mataram | siyaga magut jurit | kang para dipatya | miwah para punggawa | rêmbage angantêp jurit | umyang gumêrah | swarane bêndhe muni ||

47. dyan warnanêng para dipati ing Sampang | têngara magut jurit | kang para dipatya | miwah para punggawa | Sampang Balega Ribanggi | rêmbag sadaya | sami rêmpon ing jurit ||

48. sampun prapta ing rana sawang-sinawang | wong Madura ningali | agiris sadaya | prajurite Madura | tan ana ingkang darbèni | wanine ilang | langkung dènira wingwrin ||

49. nuli bubar barise Dipati Sampang | lumayu rêbut dhingin | wong Pathi Mataram | lir buta amamôngsa | ingkang kacandhak kèh mati | kang kawuwusa | Dipati Sampang prapti ||

50. ing jro kitha rêmbage samya nungkula | ngaturkên pati urip | ing Sultan Mataram | pan sampun karya surat/ [74] [74] | utusan sampun lumaris | Sang Adipatya | Sumêdhang lan ing pathi ||

51. pan wus katur surat dhatêng ingkang putra | Sumêdhang lan ing Pathi | têmbunge kang surat | anuwun tinanggunga | inggih dipati kêkalih | tur pjah gêsangKurang satu suku kata: tur pêjah gêsang | dhatêng Sultan Matawis ||

52. langkung suka manahe Pangran Sumêdhang | miwah Dipati Pathi | nulya ingundhangan | wadyabala Mataram | yèn nungkul sang adipati | wus atur surat | anungkul ambêg manis ||

15. Dhandhanggula

1. tan kawarna wadya ing Matawis | pan anglarug mring kitha Balega | jinarah rajabranane | dipatine anungkul | wus binêkta marang Matawis | Dipati Ngaribaya | ngungsi marang gunung | kithane sampun jinarah | wong sadalêm sadaya wunwus dèn boyongi | lêbar kitha lêlima ||

2. Pakacangan lan ing Arisbanggi | ing Sumênêp Madura Mêkasan | lêbur binoyongan kabèh | mung nagri Sampang wutuh | pan punika têluk kariyin | dènnya tur pjah gêsangKurang satu suku kata: dènnya tur pêjah gêsang | ya ta wong Matarum | sami andudum boyongan | tan winarna pan arsa budhalan aglis | wong agung ing Mataram ||

3. Sang Dipati Sampang wus acawis | gya binêkta mring nagri Mataram | ambêkta wong sèwu kèhe | anuli budhal sampun | wadya Sampang marang Matawis | gumrah swaraning janma | adandan pêrau | sampun alayar sadaya | tan adangu lampahe prapta Garêsik | alaju lampahira ||

4. sakathahnya bupati pasisir | sami lajêng mring nagri Mataram | miwah môncanagarane | ya ta Pangeran [Pange...]

--- [75] [75] ---

[...ran] Juru | ing Sumêdhang lan adipati | ing Pathi pirêmbagan | utusan rumuhun | wus katur sri naranata | panungkule Dipati Sampang lan malih | Balega Pakacangngan ||

5. gya sinêrot lampahe duta tri | sampun prapta nagri ing Mataram | katur sadaya solahe | wau ta sang aprabu | wis utusan mantri kêkalih | tan kawarna ing marga | dumrojog wus pangguh | gêgaman agêng samana | dyan kapêthuk dutane sri narapati | nulya sami saseban ||

6. ri saksana utusan Matawis | dhawuhakên timbalan sang nata | Adipati Balegane | kinèn nyuduki sampun | Adipati Balega mati | jisimbe wus pinêtak | nèng jurang jro iku | makame dadi kêramat | Sang Dipati ing Sampang wus dèn timbali | duk bêdhahe nagara ||

7. ubah ing patrap tataning jalmi | duk bêdhahe nagara Madura | sarta Balega patine | wau ta kang winuwus | balanira Prabu Matawis | wis prapta ing nagara | dhawuh sang aprabu | lagya miyos siniwaka | pêpak andhèr punggawa samya tinangkil | kang saking lurug prapta ||

8. Pangran Jurukithing wus kapanggih | lan kang wayah Sang Prabu Ngalaga | lan Dipati Bragolane | Pangran Sumêdhang wau | gêntos-gêntos dènnya ngabêkti | ngaturakên boyongan | katur mring sang prabu | trustha ing wardayanira | sri narendra rêsêp dènira ningali | marang Dipati Sampang ||

9. sru

--- [76] [76] ---

ngandika wau sri bupati | hèh dipati ing Sampang ta sira | sun aku anak yêktine | Dipati Sampang nuwun | pan angrêpa sujud ing siti | sang prabu anggêganjar | marang wadyanipun | bupati lawan satriya | pan sadaya ginanjar sami waradin | miwah Dipati Sampang ||

10. busanane sami adi luwih | pan sinami lawan para putra | pinrênah padalêmane | pinutra-putra danu | pinaringan nagari katri | Madura ing Balega | Ngarisbaya wau | sri narendra adiningrat | ingkang saking Kajêragan ta ing nguni | wastane Gêniroga ||

11. apan mangke wus jinunjung linggih | pan kinarya patih jro samana | Endranata kêkasihe | sultan jêngkar ngadhatun | cinarita pan sampun lami | antara pitung côndra | Sang Prabu Matarum | miyos siniwakèng wadya | pêpak andhèr punggawa para prajurit | jibêk nèng panangkilan ||

12. sri narendra angandika aris | hèh Tumênggung Mangunonêng sira | lawan Si Yudapranane | Si Katawêngan iku | padha sira dandana aglis | ambêdhah Surabaya | katiga wotsampunwotsantun | sakèhing môncanagara | tindhihana putraningsun ki dipati | ing Sampang ngurunana ||

13. abarisa ing trêrusan benjing | aja yuda yèn nora dilanggar | arahên kurune bae | rampung dhawah sang prabu | nuli jêngkar lumêbèng puri | warnanên panangkilan | sarêng bubaripun [bubari...]

--- [77] [77] ---

[...pun] | kang arsa budhal ing yuda | Ki Tumênggung Mangunonêng mêpak baris | kalawan Alap-alap ||

14. sampun mêpak wadya ing Matawis | nulya budhal lampahe arikat | datan kawarna lamine | nagri Japan wus rawuh | ing têrusan dènira baris | bangawan sinangkrahan | binêbêg binêndung | kang mili mring Surabaya | ingurugan prabata lan golang-galing | dadya wong Surabaya ||

15. nora nana toya kang binukti | kang angombe pan dadi laranya | awatuk lara wêtênge | mantri rêmbug anungkul | kang sawênèh arêmbug jurit | ana ngajak nungkula | apan sampun katur | mring Pangeran Surabaya | siniwaka wau sakathahing mantri | rôngga kalawan dêmang ||

16. pra tumênggung pêpak sami nangkil | para mantri lan para santana | prasami pêpakan andhèr | sadaya sami matur | kang sawênèh angajak jurit | sawênèh ngajak seba | èmêng manahipun | Jêng Pangeran Surabaya | Tambakbaya kumitir bèr kang kuwanin | lumaku ingabêna ||

17. wong Surabaya sadaya angling | Tambakbaya paksa kumawawa | kudu sumanggub yudane | yèn ajaa karuhun | nora kongsi tilar nagari | duk anèng nagri Pajang | bisa uga iku | wong mati angajak-ajak | Tambakbaya burone Prabu Matawis | iku angajak rusak ||

18. langkung èmêng wau sang dipati | di-/ pun galih ingkang pra dipatya [78] [78] | angajak nungkul bêcike | rina sajroning kalbu | jêng pangêran rumasa isin | mangkya sangsaya lama | kang wadya kêh kuru | wong Surabaya kèmêngan | sakathahe wadya ingkang ngajak jurit | sami nungkul sadaya ||

19. marang kangjêng prabu narapati | dadya Pangêran ing Surabaya | kagegeran ing manahe | anungkul karsanipun | anuruti kang para mantri | lah sira putraningwang | sebaa karuhun | lah ingsun nora tumindak | putranipun Mas Pêkik sun karya wakil | ngirida mantriningwang ||

20. sakathahe ingkang para mantri | dhatêng Pangran Surapringga ika | pangraos kawula anggèr | putra tuwan pukulun | kados botên mungkasi kardi | yên suwawi ing karsa | lêrês tuwan iku | tumindak kakang prayoga | apanggiha lan putra tuwan Matawis | suka mantri sadaya ||

21. Jêng Pangeran Surabaya angling | ingsun warah kabèh karsaningwang | nanging ingsun durung sae | têmua sang aprabu | amung putraningsun pribadi | Mas Pêkik lumakua | dadi wakil ingsung | ngong pasrahakên Hyang Suksma | lara pati ngong srahakên ing Hyang Widi | môngsa bodhoa dhalang ||

22. lah ta sira kang sun kon ngêtut wuriKurang satu suku kata: lah ta sira kang sun kon tut wuri | ngatêrêna marang putraningwang | ingkang dadi saratine | anggawaa wong sèwu | kang sakèhe para dipati | gawaa

--- [79] [79] ---

rajabrana | iki layar ingsun | aturêna mring utusan | ingkang baris anèng ing têrusan nguni | Mangunonêng kang nama ||

23. sigra mangkat wau sang dipati | pan ingiring mantri Surabaya | prasamya munggèng wurine | rajabrana pinikul | pan akatah rajabrana di | pan kinarya pratôndha | ing panungkulipun | sapraptanira paseban | pêpak andhèr wadyabala ing Matawis | ebat wong Surabaya ||

24. Kyai Dêmang Urawan dhingini | bêkta surat wau nulya prapta | anjujug pondhokan gêdhe | Mangunonêng gya mêtu | Ki Urawan dipun panggihi | wus tinampan kang surat | wus sinukmèng kalbu | ungêle ingkang nawala | tuhu nungkul Pangran Surapringga nangkil | putranipun kewala ||

25. Mangunonêng suka dènira ngling | iki bênêr karsaning dipatya | pan angeman nagarane | nanging kuciwanipun | dene wangkil putranira di | Mangunonêng gya ngucap | paran ta ing rêmbug | para mantri aturira | môngsaborong Mangunonêng ngandika ris | gêgaman nulya budhal ||

26. Kyai Dêmang Urawan gya mulih | sigra matur marang radèn putra | pan wus katrima lakune | Mangunonêng winuwus | gya putusan marang Matawis | angaturi uninga | Surabaya nungkul | ing dalu datan kocapa | enjang budhal sakèhing wadya Matawis | miwah wong Surabaya ||

27. kawarnaa lampahirèng [lampah...]

--- [80] [80] ---

[...irèng] margi | inggih sampun prapta Pranaraga | prasami arêrêb kabèh | kawarnaa ing ênu | Mangunonêng lan ki ngabèi | Ki Tawêngan samana | mapan sampun rêmbug | Yudaprana alon mojar | kadipundi Pangeran ing Surawèsthi | têka botên lumampah ||

28. datan eca raose ing galih | bokmanawi manahe tan lamba | kinarya bujuk putrane | Mangunonêng amuwus | gih makatên rêmbug puniki | suwawi ingutusan | lamun sida nungkul | anulya aglis nusula | Mangunonêng utusan mantri kêkalih | mring nagri Surabaya ||

29. Radèn Pêkik binêktanan mantri | Ki Urawan kinèn umatura | dèn asangêt mring ramane | ingutus wus alaju | tan winarna pan sampun prapti | tumamèng jroning pura | Urawan umatur | sampeyan gusti ngaturan | dhatêng putra paduka dhatêng Matawis | panggih lan Kanjêng Sultan ||

30. jêng pangeran agupuh nulya glis | nulya dadandandan angambili kuda | sarwi nutuh salirane | angraos lêpatipun | yèn nganggoa rêmbaging mantri | kaya lamun mangkana | manahe anglalu | manawa ta Kanjêng Sultan | darbe adil paramarta marang mami | cupêt balilon ingwang ||

31. sigra budhal wau Sang Dipati | Surabaya miwah Tambakbaya | binakta seba ngarsane | Jagarana tan kantun | Adipati Pajang tan kari | mring Pangran Surabaya | lampah lêlastantun | dèn anti mring Pranaraga | Adipati [Adi...]

--- [81] [81] ---

[...pati] ing Surapringga wus prapti | nagara Pranaraga ||

32. nuju sineba kang para mantri | Mangunonêng lan Ki Katawêngan | Yudaprana sakancane | rêrêp anèng ing ngriku | pan anganti karsa sang aji | samana sampun prapta | utusan sang prabu | amundhi ngandika nata | punang duta lan Mangunonêng wus panggih | pangran sigra utusan ||

33. Pangran Surabaya sigra prapti | gya wong gandhèk Mataram asigra | dhawuhakên timbalane | andika kinèn wangsul | lawan putra tumuta bali | mring nagri Surabaya | karsane sang prabu | mung Ki Arya Tambakbaya | kang pinundhut binaktaa mring Matawis | lawan Tumênggung Pajang ||

34. lan sakèhing sagung para mantri | Surabaya pinundhut sadaya | kinèn lajênga samangke | putra dika sang prabu | apan arsa wau udani | mantri ing Surapringga | dipati tumungkul | datan kuwawa lênggana | ing karsane Sri Naranata Matawis | Surabaya katura ||

35. nadyan silih pati lawan urip | pan sumôngga katur sri narendra | datan kuwasa adarbe | sadaya mapan katur | pjah gêsang tan andarbèniKurang satu suku kata: pêjah gêsang tan andarbèni | Mangunonêng gya budhal | prapta ing Matarum | katur solahe sadaya | para mantri Surabaya apan nenggih | prasami ingandikan ||

36. rôngga dêmang kalawan ngabèi | sri narendra alon angandika | hèh tumênggung sapajange |

--- [82] [82] ---

sira sun karya sêpuh | babundhêle wong Surawèsthi | ing mêngko namung sira | kapracayan ingsun | iya tumênggung sapajang | ingkang dadya têtindhihing para mantri | ana ing Surabaya ||

37. padha sira mulia dèn aglis | ywa kalawan paman Pranaraga | padha ampirana bae | padha gawanên mantuk | mring nagara lawan si adhi | umah ajaban kitha | aywa wèhi batur | kang kinèn tur sêmbah mentar | tan winarna praptèpraptèng Pranaraga mampir | pangeran wus binêkta ||

38. tan winarna ing marga wus prapti | Surabaya Tumênggung Sapajang | kang gêntèni kêkithane | pangeran ênggènipun | pêrampelan saanak rabi | hnêngna SurabayaKurang satu suku kata: ênêngna Surabaya | ucapên ta wau | Kangjêng Sultan ing Ngalaga | dina Soma sang nata miyos tinangkil | wadya jingga nonoman ||

16. Durma

1. pan wus pêpak sagung bala ingkang seba | magêrsari marapit | lêmbing tulup pdhangKurang satu suku kata: lêmbing tulup pêdhang | kalawan tumbak sulam | wong anutra amêrapit | wong priyataka | munggwing ngarsa tan têbih ||

2. saragêni ajajar ana ing ngarsa | banderanya marapit | warnanên kang seba | kaparak Jagabaya | Angkraknyana sisihnèki | kapilih ika | sisi samya kapilih ||

3. Udaraga asisih lawan niyaga | wong Nirbaya anangkil | lan wong Kartiyasa | sisih lan Wisamarta | wong Brajanala asisih | wong Brajayasa | sadaya samya nangkil [nang...]

--- [83] [83] ---

[...kil] ||

4. Astranoga asisih wong Maondara | wong Judhipati sisih | lan wong Wijakôngka | samya nangkil sadaya | wong Margôngsa anèng wuri | wong Suranata | asisih lawan carik ||

5. Panêmbahan Purabaya anèng ngarsa | lawan kang rayi-rayi | ywa Pangeran Arya | Wiramênggala seba | lan Pangeran Singasari | lan Têpasana | myang Dêmang Tanpanangkil ||

6. lan Pangeran Juminah sampun aseba | Pangeran Mangkubumi | Pangran Puger sêba | Miwah Pangeran Sampang | Sadaya prasamya nangkil | para santana | Pangeran Sukawati ||

7. myang Pangeran Balitar samya aseba | miwah para dipati | Pangran Martasana | miwah Prawiratruna | Arya Pulangjiwa nangkil | arya Tanpolas | lan Rônggawirasari ||

8. Adipati Martalaya wus aseba | lawan Sang Adipati | Pamênang aseba | lan Pangran Pinggalaya | punika ingkang anangkil | Kusumayuda | Dêmang Malaya nangkil ||

9. Rajaniti kalawan Ki Katawêngan | lawan Ki Wiramantri | pan sami wadana | Ki Tumênggung Mandraka | lan Ki Tapèngsaran nangkil | kalawan sira | Ki Arya Dhadhaptulis ||

10. pêpak kabèh para dipati kang seba | Endranata anangkil | Singaranu seba | Tumênggung Wiraguna | Arya Yudaprana nangkil | Ki Alap-alap [Alap-a...]

--- [84] [84] ---

[...lap] | Mangunonêng Dipati ||

11. Radèn Pamot ingkang munggwing ing ngayunan | Ki KulôndaragniKurang satu suku kata: Ki Kulôndaragêni | lan Ki Salisingan | Ki Panji Singajaya | Ngabèi Patrabôngsa ris | Suramanggala | Surayuda anangkil ||

12. Ki Tumênggung Sindubaya munggwing ngarsa | lawan Jamanggala ris | Ki Malangsumirang | Ngabèi Nayahita | lan Ki Panji Wirabumi | Astrawadana | Arya Panular nangkil ||

13. Ki Ngabèi Randêl lan WiratakaKurang satu suku kata: Ki Ngabèi Randêl lawan Wirataka | Kandhuruan ing Wêdhi | myang Kartamanggala | pan wong Nandhon punika | Dipati Madura nangkil | wong Numbakanyar | sèwu lawan wong bumi ||

14. wong Banyumas têngahan lan wong Pasundhan | Ciancang lan Ciamis | Tumênggung Ciancang | Wiramantri kang nama | Wiraduta ing Ciamis | Tumênggung Suma- | dinala Ribon nagri ||

15. Sukapura ing Bandung Parakan Mucang | Cilanggu Ungkur nênggih | Pangeran Sumêdhang | punika wadananya | Darmayuda sarêng nangkil | Ki Jaluhita | Cianjur samya nangkil ||

16. ing Carêbon pangerane sami seba | sadaya sami nangkil | pêpak nèng Mataram | miwah môncanagara | sawetaning gunung Wilis | pêpak sadaya | anèng ngarsa narpati ||

17. pra dipati pasisir wismèng Mataram | wetaning Batang nênggih | kulon Balambangan | wismanèng ing Mataram | jêjêl sumiwèng narpati | tanpa wilangan | wadya ingkang anangkil ||

18. Kangjêng Sultan Ngalaga alon [a...]

--- [85] [85] ---

[...lon] ngandika | apa mulane Pathi | adhi mas Bragola | nora katon asèba | iki pêpak wong pasisir | môncanagara | mangsane uga mangkin ||

19. gya Tumênggung Endranata atur sêmbah | kawula tur pawarti | inggih rayi tuwan | pasisir lèr punika | sadaya dipun irupi | Nglasêm Juwana | ing GoboganGrobogan wus kerit ||

20. among Dêmak kang maksih muwêr ing kitha | wong cilik dèn bahaki | Kudus lawan Rêmbang | pun Kalinyamat kêna | Pajangkungan Blora kerit | kawênang-wênang | rayi paduka Pathi ||

21. èsmu duka sri narèndra angandika | lah iya adhi bêcik | ngayoni maringwang | lah uwa Purubaya | andika pikir sayêkti | sintên prayoga | tandhinga lan si adhi ||

22. inggih uwa Purubaya karsaningwang | kula tindak pribadi | inggih adhi êmas | Bragola ing Santênan | arsa ngayoni mring mami | tandhing prawira | bok iya sun turuti ||

23. wong Mataram kêbat prasami dandana | ingsun umangkat enjing | sagung pra dipatya | sami matur sandika | sang nata jêngkar tinangkil | lumebèng pura | ginarêbêg pra cèthi ||

24. kawarnaa enjang anêmbang tangara | orêg wadya Matawis | amêpak gêgaman | sadaya sami prapta | ing ngalun-alun abaris | ambèr mring pasar | ing lurulurung jêjêl baris ||

25. nora knê lurung kambah mring wong liwatKurang satu suku kata: nora kêna lurung kambah mring wong liwat | kèbêkan [kèbêka...]

--- [86] [86] ---

[...n] dening baris | miwah kang turôngga | pirang-pirang asinang | lir samudra tanpa têpi | lamun sinawang | anglir prawata sari ||

26. gêgamane wong pasisir warna-warna | ingkang binolang kuning | ing mas kapurancang | ana pinothang lima | wargu ganjur lawan lêmbing | kang tumpêr ing mas | ana kang tumbak putih ||

27. pan wong Sampang kang landheyan bolang-bolang | tumbak sulam marapit | ponthang puput aglar | tulup lêmbing lan pêdhang | kang prajurit bêcik-bêcik | abrêngos capang | ingkang panjang pinuntir ||

28. Kangjêng Sultan sampun angrasuk busana | angagêm kyai gondhil | akuluk bathokan | rinangkêp dhasthardhêsthar Arab | anyuriga dhuwung kalih | Kyai Balabar | Ki Sangkêlat nèng ngarsi ||

29. sigra miyos orêg wadya ing Mataram | gêgaman dalêm mijil | sarêgni tembakKurang satu suku kata: sarêgêni tembak | umyang kang tumbak abang | wargu ganjur lan panjalin | sinulam êmas | galathik mungup ngarsi ||

30. sri narendra akèn anêmbang tangara | budhal sakèhing baris | nulya tinêtêgan | budhal baris pangarsa | kadya ru-ara kang bumi | swaraning jalma | angupu anauri ||

31. asauran swaraning turôngga liman | lir ombak ing jaladri | kricike ing watang | abra lêlayu sinang | dinulu anggêgirisi | untabing bala | lir awun-awun gêni ||

--- [87] [87] ---

32. sri narendra sigra anitih turôngga | budhal sagunging baris | dinulu awêndran | bala tanpa wilangan | andulur lampahing baris | para santana | ingkang mugwingmunggwing kang wuri ||

33. dyan wus prapta gêgaman agêng sadaya | nênggih jabaning taji | anglarug lampahnya | pan wus prapta ing Pajang | wong pasisir andhingini | môncanagara | wus anggêpok ing Pathi ||

34. Kangjêng Sultan Ngalaga rêrêb ing Pajang | wadya ingkang dhingini | sami ambêbahak | ing Pathi padêdesan | rinayah kang kêbo sapi | ingkang abôngga | banjur dipun patèni ||

35. wong desane lumayu sajroning kitha | sami atur upêksi | ing lêlurahira | ya ta kang kawarnaa | sira dipati ing Pathi | mêpak gêgaman | miwah kang para mantri ||

36. Radyan Arya Kêndhuruan anèng ngarsa | lan Arya Sawunggalling | Arya Sindurêja | Ngabèi Wirapraya | Tumênggung Wiramênggali | riya kulonan | binarong munggwimunggwing ngarsi ||

37. sira Arya Mangunjaya jajar tiga | lan Dêmang Surèngpati | Tirtanata seba | lan Rôngga Carangdesa | Tanpanaha munggwing ngarsi | lan Arya Tôntra | lan Radèn Mêgatsari ||

38. Pangalasan lan Ki Dêmang Jagantaka | miwah Ki Waduaji | lawan Jayèngrana | jajar Rôngga Pramana | lan Ngabèi Wirasakti | anèng ngayunan | para mantri ing Pathi ||

--- [88] [88] ---

39. Suranata lawan Dêmang Surantaka | Ngabèi Wirapati | Rôngga Martahita | lawan Surabêrama | lan Ngabèi Jayapati | Citrawijaya | andêl-andêling Pathi ||

40. angandika sira Dipati Bragola | marang sangunging mantri | kaya pa kang warta | dene gègèr ing jaba | Kajinêman matur aris | inggih kawula | dening miyarsa warti ||

41. pan dêdamêl Mataram punika prapta | têpis wiringing Pathi | pan risak sadaya | gusti sami jinarah | ingkang bôngga dèn patèni | alon ngandika | sira Dipati Pathi ||

42. sapa baya wong Mataram kang tumindak | kang dadya senapati | matur Kajinêman | inggih raka paduka | Jêng Sultan têdhak pribadi | kêrig sadaya | santana ing Matawis ||

43. tan winarna kêbate ingkang carita | prapta jabaning taji | lajêng kang gêgaman | sampun prapta ing Pajang | wong pasisir adhingini | môncanagara | wus anggêpok ing Pathi ||

44. sri narendra arêrêb anèng ing Pajang | wadya kang andhingini | sami ambêbahak | wong Pathi padêdesan | kidul gunung dèn boyongi | ingkang abôngga | pan sami dèn patèni ||

45. pan wong desa prasami angungsi kitha | sami atur upêksi | matur marang lurah | ya ta kang kawarnaa | sira Adipati Pathi | lagya sineba | dening sagung pra mantri ||

46. Kandhuruan ingkang tansah anèng ngarsa | lan Arya Sawunggaling | lawan Sindurêja | tansah ana ing ngarsa | lan Rajamanggala sami | sampun [sa...]

--- [89] [89] ---

[...mpun] pêpakan | dipati kulon nangkil ||

47. Ki Tumênggung Binarong lan Mangunjaya | tansah ana ing ngarsi | dening rowangira | Ki Dêmang Tanpanaha | Ngabèi Carangdesèki | lan Arya Tôndha | lan Radèn Mêgatsari ||

48. Pangalasan lawan Dêmang Jagantaka | lawan Ki Waduaji | lawan Jayèngrana | tan kari pun Prameya | lawan Rôngga Surèngpati | mantri sadaya | andêl-andêling Pathi ||

49. Surantaka lawan Dêmang Sutalaya | Ngabèi Jayèngpati | Rôngga Martahita | lawan Wirabramantya | lan Ki Rôngga Karsapati | Astrawijaya | sami andêling jurit ||

50. kapêdhake miwah mantri Kajinêman | Kartayuda anangkil | lan Dêmang Caruban | lawan Sumacukilan | Ki Gêlap Thathit sumandhing | Dêmang Katawan | lan Rôngga Orang-aring ||

51. Dêmang Cêklak lawan Dêmang Gêlapyampar | lawan pun Endragini | lan pun Cakrajagad | lawan pun Langitbêdhah | jurang ngambah sisihnèki | setan arungan | mancêngèh anèng ngarsi ||

52. Astrapati lan Dêmang Panrajanglawang | lawan Dêmang MangkokolikLebih satu suku kata: lan Dêmang Mangkokolik | lawan Rajakpanjang | lawan Jagatumbakan | lawan Setan Manganbêlis | Rujakbaluwang | kalawan Bajotali ||

53. kapdhêke awasta Ki Luruh PatraKurang satu suku kata: kapêdhake awasta Ki Luruh Patra | anglurahi prajurit | Gajah Tambakbaya | Ki Lurah Astranôngga | kang nisihi Patragati | Ki Sewandana | samya têguh ing jurit ||

--- [90] [90] ---

54. angandika aris Dipati Bragola | myang sakèh para mantri | kaya pa kang warta | dening gègèr ing jaba | Kajinêman matur aris | inggih kawula | angaturi upaksi ||

55. pan dêdamêl Matawis kang sampun prapta | têpis wiring ing Pathi | lêburan wong desa | binahak jinarahan | ingkang rosa dèn pjahiKurang satu suku kata: ingkang rosa dèn pêjahi | ingkang kacandhak | prasami dèn boyongi ||

56. alah sapa wong Mataram kang tumindak | kinarya senapati | prajurit anêmbah | raka tuwan priyôngga | ingkang tumindak mariki | sri naranata | Kajêng Sultan Matawis ||

57. prajurite gusti kinêrig sadaya | miwah mantri pasisir | pra môncanagara | sami dhatêng sadaya | suka Adipati Pathi | sukur mangkana | sun papage pribadi ||

58. lah sakèhing Santana miwah satriya | sira padha sun tari | nêdha sukanira | padha sun aja pjahKurang satu suku kata: padha sun ajak pêjah | aja na anguciwani | têkèng têmahan | kabèh padha sun kanthi ||

17. Kinanthi

1. sakathahe sanak ingsun | anjaluk sukanirèki | sakèhe para dipatya | aja na anguciwani | padha ngrêrêmna netranya | aja na ingkang anolih ||

2. Kandhuruan matur nuhun | dhuh gusti sang adipati | kamangkara lir paduka | dening akèn ngêrpkên aksi | punapa sang adipatya | botên andarbèni bcikKurang satu suku kata: botên andarbèni bêcik ||

3. nadyan kawula pukulun | milua sabaya [saba...]

--- [91] [91] ---

[...ya] pati | yèn sampeyan nêdya pjahKurang satu suku kata: yèn sampeyan nêdya pêjah | kawula matia dhingin | yèn paduka nêmahana | kawula sampun mêningi ||

4. Arya Sawunggaling matur | prasami kawula gusti | sampun liya saking tuwan | anggèn kawula angabdi | lamun tuwan ngarah pjahKurang satu suku kata: lamun tuwan ngarah pêjah | kawulane sampun kari ||

5. Arya Sindurêja matur | panêdha kawula gusti | yèn sampeyan arsa yuda | kawula ngamuk kariyin | yèn benjang kawula pjahKurang satu suku kata: yèn benjang kawula pêjah | skarsa pan botên kariKurang satu suku kata: sakarsa pan botên kari ||

6. lan panêdha malih ulun | sampun angawula malih | ing donya rawuh ngakherat | sampeyan dadosa gusti | sampun tanggêl jêngandika | amalaa kang anggitik ||

7. Ki Rajamanggala matur | yèn sampeyan arsa jurit | môngsa kawula mundura | angamuki wong Matawis | panêdha kawula ing prang | sampun kongsi mulih urip ||

8. Dipati Tohpati matur | wong punapa nêdya urip | yèn gusti angarah yuda | sapa kang lumayu benjing | sampun pinakanan sêga | dipun dulanga ing tai ||

8. Tumênggung Binarong matur | yèn ana kang wani mati | eman-eman kang wanudya | dèn ajak turu sarêsmi | iku pantês ingkang lanang | dipun jodhonana anjing ||

9. Sang Dipati Pathi muwus | kawula têtêdha gusti | saking sêdya pêkênira | têtêpêna ing Hyang Widi | dipati malih

--- [92] [92] ---

ngandika | dhatêng ingkang para nyai ||

10. amundhuta arak anggur | janèwêr lawan brênduwin | lawan mundhuta busana | kancana kalawan picis | baborohbaborèh kalawan lênga | sarta kalawan sasumping ||

11. kang kinèn ya ta amundhut | tan asuwe nulya prapti | Dipati Pathi ngandika | dhumatêng kang para sêlir | padha sira larihana | sasumping trapna ing kuping ||

12. kang anayub sami wuru | kathah kang supe mring gusti | sawênèh ana angucap | panêdha kawula benjing | yèn sampun têka ing yuda | kawula kang ngamuk dhingin ||

13. amalêsa ing sihipun | ing gusti Dipati Pathi | wutahe gêtih kawula | lan tigase jôngga mami | sun karya pamalês benjang | ing êsihe gusti mami ||

14. satru tus kawula besuk | sampun liyan dèn ujungi | yèn dede anggèr sampeyan | tan suka kawula gusti | ingkang sawênèh angucap | panêdha kawula benjing ||

15. kawula janma ping pitu | sêdya kawula angabdi | gusti dhatêng ing paduka | tan sagêd suwita malih | yèn benjing dhatêng paprangan | kawula lêbura dhingin ||

16. sang adipati amuwus | anêdha manira sami | prasêtyanira sadaya | tanpa bredabeda lawan mami | benjing yèn tinêmpuh yuda | sun sêdya barênga mati [ma...]

--- [93] [93] ---

[...ti] ||

17. barênga lan anak ingsun | miwah ingkang para mantri | barênga lêbur sadaya | angamuka wong Matawis | nanging silih pirabara | yèn anaa kongsi urip ||

18. nanging ta pangrasanipun | ingsun mungsuh kakang aji | pira yèn mênangaKurang dua suku kata: pirabara yèn mênanga | pasthi ingsun anêmahi | kaya pa yèn undurana | pan wus karsaning Hyang Widi ||

19. Radyan KadhuruanKandhuruan (dan di tempat lain). matur | lawan Arya Sawunggaling | lan Tumênggung Sindurêja | ature samya anangis | dhuh gustiningsun pangeran | sampun tuwan tumut jurit ||

20. kawula gusti kang magut | ing yudane wong Matawis | yèn abdi tuwan sadaya | yèn kongsi mundur sanyari | rinampoga saking wuntat | binoyonga anak rabi ||

21. pangeran andika kondur | tulusa wibawa mukti | anyakraawati ing rat | ulun dhewe kang lampahi | angamuka wong Mataram | yèn sampun kawula mati ||

22. sakarsa tuwan kang kantun | kawula sampun udani | adipati angandika | anêdha manira ugi | saking trêsna pêkênira | tan kuwawa amalês sih ||

23. winalêsa ing Hyang Agung | kapindho nabi sinêlir | sakathahe wangsaningwang | miwah ingkang para mantri | angsala rahmating Allah | manggiha swarga kang abdi ||

--- [94] [94] ---

24. Arya Mangunjaya matur | aturipun ngasih-asih | dhuh gusti sang adipatya | yèn kênia sun aturi | sampun mêngsah raka dika | sri bupati ing Matawis ||

25. botên wontên awonipun | mring paduka langkung asih | sampun kadhaharan ujar | botên pênêd kang pinanggih | sakèh wadya pra santana | môngsa mênanga ing jurit ||

26. Dipati Pathi amuwus | wus pasthi tan kêna gingsir | sampun karsaning Hyang Suksma | alah si wong amatèni | lêng pinêjahana dhahak | dening kakangmas Matawis ||

27. Ki Mangunjaya amuwus | kumênthus têmên wong iki | adawa yèn winicara | dipati ngandika malih | dhatêng sagung pra mantrinya | manira mêdal ing benjing ||

28. sakathahing wadyaningsun | padha amêpêka baris | benjang enjang dèn tataa | ing alun-alun ing Pathi | sampun binayar busana | sakèhing para dipati ||

29. prajurit warata sampun | sinungan busana adi | rasukan lawan lanjingan | babêntinge cindhe sami | sang dipati kundur sigra | malêbêt ing dalêm puri ||

30. ingkang garwa samya mêthuk | mring kang raka sang dipati | samya angiring sadaya | wus prapta ing dalêm puri | apan wusira pinarak | sri nata dipun pêtêki ||

18. Sinom

1. kang para garwa tumingal | sang adipati atintrim | netrane beda lan saban | para garwa matur aris | kawula matur gusti [gu...]

--- [95] [95] ---

[...sti] | punapa karanipunKurang satu suku kata: punapa karananipun | dene datan ngandika | punapa duka ing rabi | pan kawula suka dipun pjahanaKurang satu suku kata: pan kawula suka dipun pêjahana ||

2. ki dipati angandika | lah wruhanira mas yayi | pan ingsun poyan ing sira | ingsun apamit ngêmasi | marang sira mas gusti | pan ingsun arsa amêthuk | yudane kakang êmas | sri narendra ing Matawis | sakathahe garwaningsun kabèh sira ||

3. ing benjang sapungkur ingwang | dèn bisa sira mas yayi | angawula mring Mataram | dèn bisa angalap pati | lawan ingsun atitip | marang putranira jalu | langkung dening mamêlas | durung wruh rasaning mukti | ingsun tilar poma yayi dèn karêksa ||

4. lah yayi wruhaniranya | yèn ingsun amangun jurit | lan kakang mas ing Mataram | pasthi tumêka ing jangji | kang garwa samya anjrit | miyarsa wuwusing kakung | umyang sajroning pura | adhuh yèn kenginga gusti | asowana dhatêng raka jêngandika ||

5. pan sampun sampeyan bôngga | dhatêng raka dika gusti | sintên malang anggitika | kang raka ngandika aris | wus pinasthi Hyang Widi | yayi ayu lêbur ingsun | dening wadya Mataram | ingsun ingkang amêkasi | awibawa anèng nagari Santênan ||

6. putranira Radèn Rôngga | apan nora anggêntèni | pan uripe pirabara | kang garwa sangsaya anjrit | sêsambate mlasasih | wong dalêm sangsaya umyung | samya milu

--- [96] [96] ---

karuna | ya ta kawarnaa enjing | sang dipati tan gingsir samayanira ||

7. sira Dipati Bragola | adus kujamas abêrsih | nulya sampun agêgônda | jêbad ingkang wangi-wangi | sampun barang sumandhing | angrasuk busana sampun | nyamping sêmboja sêkar | paningsêt cawêni putih | arasukan cêmêng rinenda kancana ||

8. pamêkak cindhe pusita | akris sarungan tinulis | sêsawatan dhasar pthakKurang satu suku kata: sêsawatan dhasar pêthak | alandheyan tunggak sêmi | dhuwunge parung sari | apan jigja tangguhipun | dhuwung rangkêp têtiga | kang satunggil tangguh Tubin | dhapuripun carita kêkêlenthangan ||

9. kang satunggil dhuwungira | Ki Kêlêng ingkang anggitik | nênggih dhapure sampona | pan sampun sami rinakit | lancingan cindhe wilis | rinenda mantêp puniku | pamêkak gagêbyukan | pan tinurut ing kakitir | warnanira rênyêp-rênyêp kadi lintang ||

10. ajamang mas kinapita | têbah jaja anting-anting | kêlatbau agêgêlang | bêbadong sampun rinakit | lancingan rangkêp kuning | asêsimping ting palancur | citrane sang dipatya | lir ringgit Karna prang tandhing | kala mêngsah Arjuna ngamuk ngalaga ||

11. prajurite wus agêlar | anganti wijiling gusti | gêgaman pan wus malatar | dinulu lir gunung sari | gêgaman warni-warni | waos binang wênèh wungu | ana kang tumpêr [tu...]

--- [97] [97] ---

[...mpêr] ringas | wênèh bung ampèl lan jinggring | kang sawênèh binange kinapurônta ||

12. warnanên sang adipatya | saksana sigra umijil | ingiring kang para garwa | kalangkung samya prihatin | sadaya tawangtawang tangis | pan sampun kinèn awangsul | kori ing paregolan | kang garwa samya anangis | kadi yayah wong trêsna dèn ungkurêna ||

19. Pangkur

1. sang dipatya nuli mêdal | saking kitha obah wadya ing Pathi | gêgaman dalêm wus mêtu | asri tangaranira | umbul-umbul paparywan wau kumêlun | kang tunggul lêlayu amyang | tinon lir prawata sari ||

2. lêlurahnya pan kapêdhak | wastanira nênggih pun Cakrapati | Cakrayuda sisihipun | kalawan Prayahita | anglurahi Saragêni têngênipun | kang kiwa Ki Prayanôngga | kalihe sami prajurit ||

3. lurah kanoman kang nama | Ônggayuda kalawan Yudakarti | Patrawisa lurah tulup | lawan pun Wisamarta | wong anyutra Onggondara lurahipun | kalawan Jayalêksana | kalihe sami winarni ||

4. wong angrangin lurahira | Jayèngsari kalawan Jayèngrêsmi | wong Magêrsari akêpung | kabèh samya prayitna | sang dipatya akèn anêmbanga sampun | ambubarêna gêgaman [gê...]

--- [98] [98] ---

[...gaman] | sadaya sami umiring ||

5. gêgaman bubar sadaya | tiningalan langkung dening pan asri | prajurit panganggènipun | kang kulambi sangkêlat | sora sari sawênèh ana baludu | rendane nurut dondoman | kang bajo sangkêlat abrit ||

6. kang bajo binapang-bapang | dhasaripun sangkêlat bang ing Acih | ana kang sangkêlat wungu | ana kulambi meja | galar konus kulenthang lan alam katun | ingkang bêkta gêgamannya | kulambi sangkêlat mayit ||

7. prasami trênggom sangkêlat | tiningalan kadya wukir kabêsmi | gêgaman bubar sadarum | sigra sang adipatya | nitih kuda layarwaring wastanipun | ulêsipun dhawuh pêthak | binusanan murub asri ||

8. ingkang kinèn têngga pura | mantri papat sami prawirèng jurit | dipati sigra lumaku | dèn iring sawadyanya | tuhu bagus samêkta busananipun | magêrsarine akapang | sadaya angati-ati ||

9. wus prapta jawining kitha | wus atata sakathahing pra mantri | akarya têtarub agung | piranti ing kasukan | ôndrawina para bupati anayub | milane para prawira | sanggube tan kêna gingsir ||

10. hnêngna ing SantênanKurang dua suku kata: ênêngêna ing Santênan | kawarnaa Sri Bupati Matawis | siniwi wadya gung-agung | ana ing pasanggrahan | sampun katur yèn wong Pathi sampun [sampu...]

--- [99] [99] ---

[...n] mêtu | sri narendra angandika | mring sakèhe para mantri ||

11. payo atata-tataa | ingkang anèng pangawat kanan kering | Si Tumênggung Singaranu | iku anindhihana | sakathahe pan iku têngrêran ingsun | lan sakèhe pra santana | nindhihi wadya Matawis ||

12. dene ingsun anèng wuntat | ingkang kari ingsun ingkang nindhihi | sakèhe kapêdhak ingsun | lan sakèhing santana | iku aja adoh lawan jênêng ingsun | kang padha dipun prayitna | wong ing Pathi bêcik-bêcik ||

13. kalawan Si Endranata | nindhihana sakèhe wong pasisir | anèng kiwa prênahipun | sampun kang dhinawuhan | pra dipati nindhihi gêgamanipun | pan sami sawang-sinawang | wong Pathi lan wong Matawis ||

14. sakèh kang para santana | mung puniku krakêt lan sri bupati | rada lidhuklindhuk prênahipun | kalingan pagêr jarak | hnêngêna sang nata datan winuwusKurang satu suku kata: ênêngêna sang nata datan winuwus | warnanên sira dipatya | ing Pathi amêpêk baris ||

15. pinarak anèng taratag | sakathahe para prajurit Pathi | asora dipati muwus | marang Ki Kandhuruan | ngêndi prênahe kangmas gêgamanipun | pan iku kang ingsun sêdya | waspadakêna kang pasthi ||

16. panêdhaningsun ing Allah | aja liya ana nganingingngarsaning mami | lamun dudu kakang prabu | pan ingsun nora suka | lamun [lamu...]

--- [100] [100] ---

[...n] mati aja liya ngarsaningsun | kakang êmas ing Mataram | arsa sun tandhing kuwanin ||

17. Sawunggaling matur nêmbah | pan kawula sampun tinon ing têlik | kang kiwa gêgaman agung | ênggène raka tuwan | mung kang têngên nindhihi gêgaman agung | têngêran gula kalapa | punika sri narapati ||

18. suka Dipati Bragola | yèn mangkono payo têngara aglis | lah payo barênga nêmpuh | aja na kang kucira | sêdyaningsun wong Pathi barênga lêbur | sigra tangaraKurang tiga suku kata: anulya sigra tangara | gêgaman sampun cumawis ||

19. bupatine andrawina | pan sadaya sampun dipun êndêmi | ya ta sadaya wus wuru | sanggupipun balêdag | pan ajangji sadaya barênga lêbur | sawiji tan ana giwang | wus prasêtya barêng mati ||

20. KadhuruanKandhuruan (dan ditempat lain). awotsêkar | yèn suwawi kula ngamuk kariyin | yèn kawula sampun lêbur | punika kajêng kula | Sawunggaling kêkèjèk dènnya umatur | sampeyan amongrêsmia | sun amuka wong Matawis ||

21. sang dipati angandika | sun tarima marmanira mring mami | anging ta panêdhaningsun | barênga pjah gêsangKurang satu suku kata: barênga pêjah gêsang | barêng lêbur wong Pathi aja na mundur | pan aja kongsi salaya | barênga mati lan dasih ||

22. lah uwis pan têngaraa | payo padha ngantêp prang wong Matawis | sigra atêngara umyung | bêdhilnya kadi gêrah | ingkang wadya suraknya umyung gumuruh | prajurite [prajuri...]

--- [101] [101] ---

[...te] sami pangkat | anitih kuda ngajrihi ||

23. Kandhuruan anèng ngarsa | tan atêbih lawan Ki Sawunggaling | wong Mataram yitna sampun | suraknya kadi gêrah | wadya Pathi saksana barêng anêmpuh | surak lor kidul sauran | kadi karêngèng ing langit ||

24. pangamuke wong Santênan | kang pangawat kiwa barêng dèn byuki | wong pasisir kang dèn têmpuh | têtindhihe kang kiwa | Endranata puniku aran tumênggung | Sawunggaling anarajang | ambêkta lawung ngajrihi ||

25. Sawunggaling asêsumbar | wong Mataram lah kêmbulana mami | bok sira tan ana rêbuh | iya ingsun Ki Arya | Sawunggaling ing Pathi prajurit luhung | wong Mataram kêmbulana | aja na mundur ing jurit ||

20. Durma

1. Kadhuruan mara sarwi asêsumbar | aja na ngapirani | pring sadhapur ika | êndhok sapatarangan | aja na cidra ing jangji | barênga pjahKurang satu suku kata: barênga pêjah | aywa na kang gumingsir ||

2. sarêng ngamuk prajuritnya wong Santênan | tandange gêgilani | anglir singa lodra | galak amôngsa sarpa | lir gunung rubuh kang bêdhil | suraking bala | kadi rubuh kang langit ||

3. asauran lan swaraning kalantaka | wong cilik aprang dhingin | rame ingkang yuda | surak ambal-ambalan | langit pêtêng anglimputi | ramening yuda | lir gabah dèn intêri ||

4. tutup pêtêng pating gagab kang

--- [102] [102] ---

ayuda | Tumbakganjur wus mati | mung tamèng lan pdhangKurang satu suku kata: mung tamèng lan pêdhang | tandange wong Santênan | lir pendah banthèng akanin | pating jalimprak | anigas angidêki ||

5. wong pasisir pan sampun bubar sadaya | datan amôngga pulih | prajurite pjahKurang satu suku kata: prajurite pêjah | tatanya nora atra | sira Arya Sawunggaling | pangamukira | dahat anggêgilani ||

6. Ki Tumênggung Endranata pan uninga | lamun prajurit Pathi | angamuk manêngah | lir mong tan olih môngsa | Endranata wus anggêndring | tan olih bala | bokonge koplak-kaplik ||

7. kêbatira palayune Endranata | ki arya anututi | mring Ki Endranata | ingkang binujung kêbat | anulya malik kulambi | atilar kuda | amor lan wong pakathik ||

8. sirna larut wong pasisir sangking ngarsa | samya ngungsi ing wuri | nanging tan atêbah | sigra wadya Santênan | wus mingêr pangamuknèki | wadya Mataram | sampun angati-ati ||

9. pan anêmpuh wong Pathi mring wong Mataram | langkung ramening jurit | akèngsêr kang wadya | wong Pathi pangamukya | tan ana pangucap ajrih | ramening surak | têtêg awor lan bêdhil ||

10. kadi ombak sagara anêmpuh marang | ramene wong ajurit | akèngsêr kang wadya | dening Nayamanggala | arukêt luhuring wajik | sêndhal-sinêndhal [sêndhal-sinê...]

--- [103] [103] ---

[...ndhal] | rame kêris-kinêris ||

11. ting salêmprot sami tiba saking kuda | sampyuh sarêng ngêmasi | Ki Sura Bramantya | aprang lan Jagabaya | arame uthik-inguthik | Sura Bramantya | panumbake anitir ||

12. Ki Tumênggung Jagabaya sigra numbak | Sura Bramantya tangkis | nanging kabêrabat | kêna gulu iringnya | Sura Bramantya ngêmasi | suraking bala | kadi karêngèng langit ||

13. Jayèngrana aprang lawan Martalaya | wong sèwu angêmbuli | sami kuwatira | klangkung ramening yuda | Martalaya angawaki | Ki Jayèngrana | tumandang narik kêris ||

14. Jayèngrana prangira lan Martalaya | sami sudirèng kalih | watange ginêbang | pan nulya nyandhak tangan | prasami tarik-tinarik | pêrang-pinêrang | kiris malês angiris ||

15. Jayèngrana kiris jajanira pasah | niba anuli mati | Radèn Kadhuruan | sampun ayun-ayunan | kalawan Ki Rajaniti | sigra anumbak | asru Ki Rajaniti ||

16. wus tinangkil watange putung anjêplak | nulya tinumbak aglis | jajanira tatas | anrus marang walikat | Rajaniti angêmasi | suraking bala | lir ombaking jaladri ||

17. Mangunonêng wêruh anake palastra | kudanya dèn camêthi | adhuh putraningwang | durung ungsummu pjahKurang satu suku kata: durung ungsummu pêjah | durung wruh rasaning mukti | lah Kadhuruan | payo tandhing lan [la...]

--- [104] [104] ---

[...n] mami ||

18. pan tinumbak Kadhuruan pan kaplêsat | tiba saking turanggi | pan aburangkangan | nanging datan apasah | tinumbak tinitir-titir | Ki Kadhuruan | ngadêg sarwi nglarihi ||

19. Mangunonêng tinumbak jajanya pasah | niba anuli mati | sigra Kadhuruan | kudanya tinitihan | anulya dipun camêthi | angikal watang | sêsumbar angajrihi ||

20. ywa rêbutên iya aku Kadhuruan | kaipe mring Dipati | Bragola Santênan | lah payo kêmbulana | dadi bungahe kang ati | barênga mara | rêbutên ing ajurit ||

21. Kartajaya aprang lawan Yudabôngsa | rame ukih-ingukih | atumbak-tinumbak | Kartajaya kabranan | panumbake nitir-nitir | nulya aniba | Kartajaya ngêmasi ||

22. Ki Dipati Santênan ningali bala | mantrine akèh mati | langkung merangira | aprang marakkên bala | kudane wus dèn camêthi | wastaning kuda | aran pun layarwaring ||

23. sarêng mangkat kapêdhak lan Kajinêman | kudane samya nirik | tan ana sinêdya | dipati ing Santênan | mung kang raka sri bupati | têngrêranira | pinêlêng jroning galih ||

24. sampun parêk lan gêgaman ing Mataram | kinarubut ing bêdhil | surak lir ampuhan | bêndhe munya ngawiyat | gamêlan munya angrangin |

--- [105] [105] ---

sang adipatya | sukanira sinipi ||

25. dyan kinêtab kudane nulya angêrab | prayitna wong Matawis | Dipati Santênan | sigra anêmpuh ing prang | prajurite anadhahi | wadya Mataram | panggah datan gumingsir ||

26. liwung awor wadya Mataram kèh pjahKurang satu suku kata: liwung awor wadya Mataram kèh pêjah | dening prajurit Pathi | tandangnya lir singa | barwang tanpa lèh môngsa | wênèh kadya banthèng kanin | numbak anigas | angris saha ngakahi ||

27. ramening prang lir ombaking nêmpuh marang | dening kang bêdhil muni | gong maguru gôngsa | têtêg anglir butula | myang surak gumuruh atri | sira dipatya | pan sêdya lêbu gniKurang satu suku kata: pan sêdya lêbu gêni ||

28. Ki Tumênggung Singaranu wus kesisan | wadyanira wus ênting | kabèh wus lumaywa | Singaranu katunjang | dipatinya angawaki | Pathi Bragola | wus ngawaki ing jurit ||

29. pan Dipati Santên pangamukiraKurang satu suku kata: pan Dipati Santênan pangamukira | riwutan tan olèh tandhing | wau sri narendra | kang tansah lês ing nala | adangu datan kapanggih | sira dipatya | dahat anginggit-inggit ||

30. wong Mataram tan môngga-môngga puliha | ya ta sri narapati | anêmbang tangara | nabuh Kiyai Bicak | tinitir-titir tan muni | sri naranata | gya kêmpuhtêmpuh dèn sungkêmi ||

31. wus anêkung maladi Sang Madèng Suksma | anêgsa karsaningKurang satu suku kata: anêgêsa karsaning | sang amurwèng tingal | datan [data...]

--- [106] [106] ---

[...n] lyan kang kacipta | lêhêng kang akarya bumi | ciptèng sang nata | wus angèsthi sawiji ||

32. sawungunya Ki Bicak sigra tinêmbang | angungkung munyèng langit | pidhapindha glap kasonga | sigra para santana | gya angingêrakên baris | pan sarêng mara | sarta Ki Bicak anjrit ||

33. Adipati Santênan ika miyarsa | yèn Ki Bicak sru muni | angingêrkên kuda | asru dènira mojar | alah payo wong ing Pathi | ika Ki Bicak | tinêmbang asru muni ||

34. wus katingal para santana Mataram | yèn sampun masang baris | Dipati Santênan | marakakên kang wadya | amung kari kang prajurit | bala Santênan | kang alit têlas mati ||

35. pra prawira ing Pathi nyamêthi kuda | wus sêdya lêbu agni | santana Mataram | sampun sami prayitna | nêdya ngawaki pribadi | sarêng tandangya | kudanya dèn camêthi ||

36. sampun nandêr para santana Mataram | wong Pathi aningali | sakèhing prawira | sarêng nyamêthi kuda | kinêtab anyandêr pati | sarêng narajang | anêmpuh wong Matawis ||

37. prajurit Pathi santana kang anama | Rahadèn Wirasakti | anyamêthi kuda | watangnya sah ingêmbat | apanggah sami prajurit | samya santana | rame ungkih-ingungkih ||

38. wong Mataram Rahadyan Wirawiguna | ingkang alawan jurit | Wirasakti numbak | mring Prawirataruna [Prawi...]

--- [107] [107] ---

[...rataruna] | panumbake pan katangkis | winalês sigra | gulu iringnya kêni ||

39. amung kulit ayam kang kabêsèr tumbak | niba pan nuli mati | ana samitranyasumitranya | aran Wirasaraya | dulu sumitrane mati | nyamêthi kuda | watangnya wus pinandhi ||

40. dhapuripun waos bêbiring lanangan | murub apindha gêni | sarywangling sêsumbar | payo padha prawira | aja na anguciwani | ingsun lan sira | payo padha wong bêcik ||

41. wusya pagut kang yuda sigra anumbak | Wirataruna tangkis | nanging kabêrabat | tan katangkis ing tumbak | gagêmbunge tugêl palih | Prawiratruna | angganya pan gumlinting ||

42. pangrasanya gêmbunge kadi butula | nulya sira malêsi | Ki Wirasaraya | anuli dipun tumbak | malês saking nginggil wajik | tiba kalumah | saya tinitir-titir ||

43. pan kabranan Ki Wirasraya wus pêjah | Ki Dipati Tohpati | gya arsa nulunga | sigra nyamêthi kuda | pangeran ing Mangkubumi | sampun uninga | kudane dèn camêthi ||

44. sampun têmpuh lawung pan tumbak-tinumbak | watang putung marêngi | nulya rukêt pisan | sami candhak-cinandhak | pan sami angunus kêris | atêpung asta | anyuduk gênti kêris ||

45. wus tumurun kalih saking kudanira | rame kêris-kinêris | sami

--- [108] [108] ---

têguhira | kêris datan tumama | sarêng rêmpu dhuwung kalih | gya rukêt prangnya | gantya banting-binanting ||

46. pan kalindhih pangeraning Mangkubumya | angrasa lamun kontit | pan nyandhak gantangan | Ki Tohpati anjola | anuli banjur binanting | pan tinunggangan | Tohpati asru angling ||

47. hèh carobo wong Mataram pêrangira | Pangeran Mangkubumi | aris saurira | sajang-ajanging ajang | pan iki wong rêbut pati | Ki Tohpralaya | dèn idêk dèn suduki ||

48. kinakahan Tohpati sampun apêjah | Sindurêja ajurit | pan ayun-ayunan | lan Pangran Pugêr samya | asupe ungkih-ingungkih | sami prakoswa | tan ana kang kalindhih ||

49. wong Mataram suraknya ambal-ambalan | kadi karêngèng langit | sira Sindurêja | ngantêp panumbakira | Dipati Pugêr tan gingsir | putung watangnya | sigra amarêpêki ||

50. sigra narik dhuwunge sang adipatya | anuli dèn larihi | knê jajaniraKurang satu suku: kêna jajanira | Sindurêja aniba | datan kongsi pining kalih | angathang-athang | surake wanti-wanti ||

51. Kadhuruan marang ngarsa asêsumbar | rêbutên ing ajurit | aja na ngucira | payo padha prawira | angikal watang kumitir | singa katrajang | wong Mataram angisis ||

52. Panêmbahan Purubaya wus [wu...]

--- [109] [109] ---

[...s] uninga | wong Mataram angisis | agya lampahira | amapan Kadhuruan | panêmbahan wus apanggih | ayun-ayunan | panêmbahan sigra ngling ||

53. Kadhuruan lah uwis sira mlayua | eman bok sira mati | kuatira pira | akulita têmbaga | nadyan bêbalunga wêsi | sungsum gêgola | tan wande sira mati ||

54. Kadhuruan asra dènira angucap | baya ora na sakti | wong ing ngalam donya | amung sira Purbaya | budia ingsun kêmbari | pan durung ulap | ngong mungsuh wong Matawis ||

55. Kadhuruan sigra numbak panêmbahan | kajêngkang-jêngkang angling | setan Kadhuruan | numbak tan wruh prayoga | eman tanganira iki | Ki Kadhuruan | angling anggigit lathi ||

56. panêmbahan masêm dènnya angandika | usapana dèn lirih | iya tumbakira | mênèk kuthah ludira | eman-emane kang brangti | pasah kok tumbak | angur matia cilik ||

57. Kadhuruan sumêngit panumbakira | aputung watangnèki | angunus curiga | Kadhuruan narajang | panumbake nitir-nitir | Pangran Purbaya | panggah datan gumingsir ||

58. panêmbahan sigra anarik curiga | dhuwung aran Ki Panji | sigra Kadhuruan | sinuduk jajanira | malêsat tiba kabanting | wus kinakahan | cinublês pulung ati ||

59. Kadhuruan sampun pêjah kapisanan |

--- [110] [110] ---

sigra sang adipati | kulon anarajang | nulya sigra anumbak | kanan kering dèn kêmbuli | putung kang watang | pangeran anglarihi ||

61. ki dipati kulon pan sampun tinumbak | jajanya trus ing gigir | pan sampun palastra | surak kadi ampuhan | wong Mataram aningali | Pangran Purbaya | kinarubut ing jurit ||

62. kang lumayu pan sampun wangsul sadaya | nêdya apulih gêtih | surak lir ampuhan | kumrab sakèh gêgaman | wong Pathi tan kêna gingsir | kinêpang- kêpang | sampun akathah mati ||

63. Sawunggaling angamuk kagila- gila | liwung angobat- abit | kinarubut ing prang | dening wadya Mataram | singa kang tinêmpuh ngisis | pan kinakahan | kudane sampun mati ||

64. Sawunggaling lumayu narik curiga | dharat dènira jurit | kang pinarak bubar | Pangeran Purubaya | uninga mring Sawunggaling | nulya gya mara | manahnya rada miring ||

65. dhuwungira Kyai Panji wus liniga | awor lawan pakathik | samana Ki Arya | Sawunggaling wus pêrak | anuli dipun larihi | saking ngiringan | Sawunggalling malêsi ||

66. datan angsal Sawunggalling wus aniba | anuli dipun byuki | mring wadya Mataram | anulya tinalenan | wus binônda Sawunggaling | Rajamanggala | karsane anulungi ||

67. anarajang Rajamanggala [Rajamang...]

--- [111] [111] ---

[...gala] manêngah | pangeran wus udani | nulya pinaranan | ya ta Rajamanggala | panumbake wanti- wanti | putung kang watang | pangeran anglarihi ||

68. angênèni jaja trusing ing walikat | Rajamanggala mati | sira Adipatya | Bragola ing Santênan | ningali prajurit ênting | kalangkung merang | Dipati Kori mati ||

69. kapêdhake kalawan wong Kajinêman | sampun akathah mati | watara kang gêsang | kari wong kawan dasa | punika tan kêna têbih | wadya Mataram | singa katêmpuh ngisis ||

70. Adipati Santênan pangamukira | anglir Bimanyu jurit | ing prang Brôntayuda | rinêbat mring Kurawa | binêdhilan ngarsa wuri | ing kering kanan | mimis kadya garimis ||

71. tan tinolih dene Dipati Santênan | amung sri narapati | pinêlêng wardaya | adangu ingulatan | sigra anulya kapanggih | ênggèn sang nata | kudane dèn cumêthi ||

72. sri narendra anitih kapal bandana | pun wagugên namèki | cêmêng ulêsira | gamêlira wotsêkar | dhuh sultan paduka salin | kapal bandana | pun wagugên puniki ||

73. aturipun awanti tan piniarsa | sapisan kaping kalih | ping tiga kaping pat | kangjêng sultan ngandika | môngsa sun sêdya gumingsir | ingsun asêdya | iya barênga mati ||

--- [112] [112] ---

74. wus tinitir Ki Bicak muni angangkang | wadya kang anèng ngarsi | sami alok sira | lah payo iki prapta | kapêdhak ingkang satunggil | alah ta ingwang | mati bubukên iki ||

75. Nayadarma kapêdhak bêkta ampilan | waose sri bupati | Kyai Barukarna | binêkta Nayadarma | anulya sigra apamit | sri naranata | angandika ing abdi ||

76. alah iya yèn satuhu wani sira | tumbakku Barukuping | sira tamakêna | Nayadarma tur sêmbah | sigra majêng awotsari | Ki Nayadarma | sigra arêbut dhingin ||

77. Adipati Pathi wus kinalang-kalang | wus pêrak sang dipati | anulya narajang | mring kapêdhak Mataram | prasami anakêr wani | wus tinadhahan | sang dipati ing Pathi ||

78. Kinarubut kudanira sampun pêjah | malumpat sang dipati | ngamuk lan curiga | sigra Ki Nayadarma | prênahe sampun kapering | sigra tinumbak | asru sang adipati ||

79. lambungira ki dipati ingkang pasah | dhasar sayah kariyin | pan nuli aniba | dipati wus palastra | rinêbut mring wong Matawis | pan sampun kêna | angaku anatoni ||

80. sampun katur dhumatêng sri naranata | yèn dipati ngêmasi | kinèn ambêktaa | jisim dhatêng ngajêngan | kapêdhak sigra wotsari | nuli lumampah | mring prênahe kang

--- [113] [113] ---

jisim ||

81. Mangunjaya uninga dipati pêjah | angrêbut tan kuwawi | anulya lumajar | mulih marang Santênan | angukub kang kari-kari | dyan kawarnaa | pan ingkang mundhut jisim ||

82. wong kapêdhak kewuhan pambêktanira | karsa pinundhi-pundhi | satruning narendra | yun sinèrèk kewala | iki santana narpati | sami kewuhan | ana wong tua siji ||

83. aris mojar puniku karêp manira | sirahipun pinandhi | sikil sinèrèda | sadaya kapêthukan | anulya dipun lampahi | sirah ingangkat | sukune dipun irit ||

84. aningali sang nata kalangkung suka | sampun prapta ing ngarsi | sang nata ngandika | lah padha adêgêna | iku jisime si adhi | wus jinaganan | ngandika sri bupati ||

85. tatabana apa gêgamaning aprang | nulya dipun tatabi | pan nora gêgawa | katur mring sri narendra | angandika sri bupati | adhi Santênan | pan ora sêdya mulih ||

86. lah wiyakên lathine adhi Bragola | apa baya barêsih | sampun pinariksa | katur rêgêt kang waja | angandika sri bupati | tan kobêr ika | asusur ta si adhi ||

87. angandika sang nata mring wadyabala | sapa ingkang matèni | wadya atur sêmbah | sami arêrêmbatan | angandika sri bupati | lah Nayadarma | tarikên tumbak mami ||

88. pinariksa Ki Baru mêtu ludira | sang nata

--- [114] [114] ---

ngandika ris | lah Si Nayadarma | kang matèni Bragola | karwarnaa Sriwunggallingkawarnaa Sawunggalling | sampun binêkta | Endranata ningali ||

89. Endranata ngiwi-iwi asru ngucap | gene ta nora luwih | Sawunggathèl sira | mêngko uwis binônda | angamuka sun taboki | langkung bramantya | Sawunggaling sru angling ||

90. nora isin sira edan Endranata | mau malik kulambi | arêp ingsun tumbak | umpêtan awor kompra | dening ta dêlap aurip | eman sang nata | maringi tunggaksêmi ||

91. eman-eman alinggih lampit si edan | jêjêrih wêdi mati | duraka nèng dunya | Endranata awirang | mundur alinggih nèng wuri | sarwi angucap | ngadhêp wong kêna sarik ||

92. sampun katur Sawunggaling wus kabêsta | wus kinèn amêjahi | sampun pinjahan | Sawunggaling karênan | kalamun awèta urip | wira nèng dunya | warnanên sri bupati ||

93. angandika sang nata mring Alap-alap | sira mentara aglis | lan si Jagabaya | lan Arya Panularan | Si Ngabèi Wirapati | lan wong Mataram | milua urun mantri ||

94. baboyonga marang nagara Santênan | poma sira dèn bêcik | yèn ana kang bôngga | anuli patènana | yèn wus mati kang prajurit | dèn boyongana | dèn ênting aja kari ||

95. Sarupane [Sarupa...]

--- [115] [115] ---

[...ne] wong wadone ing Santênan | yèn bojoning priyayi | lah sira tandhua | aja kongsi lumampah | lan anggowoa joliKurang satu suku kata: lawan anggowoa joli | bok ipe benjang | sira tunggangna joli ||

96. Alap-alap lan Tumênggung Jagabaya | Panular Wirapati | wus amit tur sêmbah | nulya bubar sadaya | datan kawarna ing margi | warnanên sira | Mangunjaya kang prapti ||

97. wus malêbu jroning pura tur uninga | mring garwaning dipati | yèn kang raka seda | tumpêsan ingkang bala | ya ta kang garwa samyanjrit | wong dalêm pura | gumuruh samya nangis ||

98. sêsambate pan sami kawêlasarsa | umyang swaraning tangis | lir pendah ampuhan | sakèhing para garwa | sêsambate mêlasasih | aniba-niba | ana gumuling siti ||

99. putranira kang aran Rahadèn Rôngga | samya dipun tangisi | adhuh putraningwang | êndi ta ramanira | sapa wlas ing sira gusti | dhuh putraningwang | kakang êmas dipati ||

100. jêngandika tilar putra maksih jabang | durung wruh ing amukti | adhuh putraningwang | pan gusti sira lola | kang putra barêbês mili | sajroning pura | gumêrah punang tangis ||

101. para garwa prasami agêgulungan | ana kang sambat mati | ana sambat bapa | wènèh sambat lakinya [laki...]

--- [116] [116] ---

[...nya] | pundi ujarira asih | dhatêng kawula | pundi tandhaning mangkin ||

102. pan kawula têka tuwan tega tilar | andika seda dhingin | dhuh kakang dipatya | kawula dika bêkta | datan sagêd ingsun kari | sang adipatya | gawanên ingsun mati ||

103. kapanggiha dika ing ngakhirat benjang | tulusa dika asih | dhumatêng kawula | hnêngêna jro puraKurang satu suku kata: ênêngêna jro pura | ingkang gumêdêr anangis | ya ta kocapa | wadyabala Matawis ||

104. sampun prapta malêbêt sajroning kitha | anèng pasar abaris | ya ta kawarnaa | wadyabala Santênan | ingkang tinanggênah wingking | kang têngga pura | sami sumêdya mati ||

105. mantri papat prasami anêdya bela | dhatêng sang adipati | pun Suraprameya | lan pun Rôngga Jaladra | Surataka tiganèki | lan Pangalasan | kapat trahing prajurit ||

106. wong sakawan sampun prayitna sadaya | warnanên kang wus prapti | wadya ing Mataram | sampun ninga sadaya | pan ana kang bôngga wingking | sami prayitna | ngalun-alun wus prapti ||

107. wong Santênan watara ing kathahira | wong kalih atus nênggih | sigra atêngara | Dêmang Suraprameya | sarêng mangkat kang prajurit | angamuk rampak | sadaya ambêk pati ||

108. kinarutug mimis wadya ing Santênan | nanging tan kêna gingsir | pan kathah kang pêjah | pan [pa...]

--- [117] [117] ---

[...n] dèn ilês kewala | datan wontên sêdya urip | wadya Mataram | iya tan nêdya gingsir ||

109. pangamuke wong Pathi lir singa lodra | galak tanpa lih bukti | pan kakèhan lawan | wong Pathi têlas pjahKurang satu suku kata: wong Pathi têlas pêjah | prajurite angawaki | sigra narajang | ngamuk angobat-abit ||

110. wong Mataram prasami sudiranira | pan sampun anginêbi | Ki Suraprameya | angamuk kadi yaksa | singa katêrajang ngisis | Ki Alap-alap | kudane dèn camêthi ||

111. wus anêmpuh kuda lan Suraprameya | rame ungkih-ingungkih | Ki Suraprameya | asru panumbakira | Ki Alap-alap atangkis | watangnya kontal | nulya tinumbak aglis ||

112. wus ginêbang putung watange kasingsal | Alap-alap nglarihi | jajanira pasah | ludiranya daladag | Suraprameya wus miris | angabêncana | mundur andêdagangi ||

113. Kyai Rôngga Jaladra pangamukira | dahat angobat-abit | Ki Arya Panular | sigra nuli narajang | sampun têmpuh ing ajurit | tumbak-tinumbak | sami sudirèng kalih ||

114. Ki Panular anumbak Rôngga Jaladra | asru dènira tangkis | nanging kabêrabat | kêna gulu iringnya | watara pasah sanyari |

--- [118] [118] ---

Rôngga Jaladra | mundur amêmêcati ||

115. Wurantaka angamuk saya manêngah | sigra Ki Wirapati | nyandhak pangawinan | mamprung nuli narajang | tumbake datan ngundhili | mudhun ing kuda | sami dharat kang jurit ||

116. Wirapati anyêndhal mring Surantaka | dhinosok pan kuwalik | Surantaka tiba | dhêdhangkak tibèng lêmah | anulya sinuduk aglis | Ki Surantaka | mundur anuli mati ||

117. Jagabaya aprang lawan Pangalasan | rame ungkih-ingungkih | tan ana kasoran | sami sudiranira | Ki Alap-alap nulungi | ngêmbat watangnya | anumbak saking kering ||

118. Pangalasan kêna pêpilinganira | munduran ora eling | anulya aniba | anèng têngahing lawang | sasèndhèn pipining kori | sampun pralaya | pan nanging maksih linggih ||

119. sira Dêmang Suraprameya matinya | kandhaga dèn liyangi | Ki Wira Jaladra | mati ngurêbi lawang | Mangunjaya aningali | prajurit têlas | lumayu mring jro puri ||

120. sampun prapta ing pura Ki Mangunjaya | gumêr swaraning tangis | sigra Mangunjaya | ngulati Radèn Rôngga | saksana sira kapanggih | nulya binêkta | mêdal saking jro puri ||

121. Mangunjaya mêdal saking babutulan [ba...]

--- [119] [119] ---

[...butulan] | nêdya angungsi wukir | ing gunung Prawata | ênêngêna saksana | ucapên wadya Matawis | malêbèng pura | gumrah swaraning tangis ||

122. Alap-alap lan Tumênggung Jagabaya | sampun dènnya nitèni | sakèh braja brana | lawan wong dalêm pisan | Alap-alap amarani | marang sang rêtna | wuwusira lir gêndhis ||