Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29)

Judul
Sambungan
1. Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 11–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 30–35). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 36–44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
8. Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 51–55). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 30-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

21. Dhandhanggula

1. sang juwita alara anangis | Alap-alap tan wani marêka | pan maksih têbih prênahe | sakèh wong dalêmipun | samya nangis pating jalêrit | ana kang niba-niba | sinjangnya kagulung | tan etang supe kagungan | wênèh nglingkab tapihya dumugi kuping | pijêr supe karuna ||

2. kang sawênèh nangis niba tangi | gudam-gudam[1] sambat rama biyang | gene sun lagi antuk sèh | tinilar marang kakung | ana ingkang nangisi nyai | cinêthot sarwi ngucap | sira durung tutug | lagya olih sih sadhela | wêkasane sira tinilar ngêmasi | dhapure acilaka ||

3. para sêlir sangêt dènnya nangis | gêgulungan ing saparanira | kagulung sumur sirahe | nuju sat sumuripun | pan kajungkêl sirah nèng siti | brahalane

--- [120] 200[2] ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 1 dari 53

anglela | gumêbyar lir bêruk | wong Mataram kang tumingal | amancêrêng lir kucing mulat cacindhil | anuli tinulungan ||

4. wontên inya wau kang satunggil | angangên-angên sajroning nala | kaya priye wêkasane | agung sami anuhun | wong saiki kandhêga tangis | ingsun mangsi wurunga | binoyong ing besuk | ni inya aris angucap | mring Tumênggung Alap-alap ing Matawis | ni inya matur nêmbah ||

5. ki tumênggung mangke kadipundi | renandika gusti ing Santênan | lah kadipundi ing mangke | Alap-alap amuwus | alah nyai kadi punapi | ing rena jêngandika | kawula tan purun | yèn kawula masesoa | yakti ajrih kawula dhatêng sang aji | pamothah ratu êmas ||

6. nikèn inya wuwuse amanis | lah kiyai joli pêkênira | linêbokna pan dèn age | mangke kawula matur | sun ririhe sang rajaputri | manawi kenging lêjar | dening atur ingsun | sigra ni êmban lumampah | sampun prapta ngarsane sang rajaputri | rada kapara ngarsa ||

7. solahira Lap-alap kapati | nikèn inya andheprok nèng lêmah | mêlasasih ing ature | dhuh nyawa gustiningsun | lah kèndêla [kè...]

--- [121] 201 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 2 dari 53

[...ndêla] gusti kariyin | punapa ingkang wêkas | tansah agung wuyung | dawêg gusti linampahan | wus wiyahe wong lanang mati ngajurit | wong wadon dadi tawan ||

8. sang suputri tan kandhêg anangis | lara-lara gènira karuna | wong jro pura nangis kabèh | inya tan kandhêg matur | sênggruk-sênggruk bari anangis | dhuh gustiku mas nyawa | mindêla karuhun | inggih manuta priyăngga | sampun kongsi ginêpok wadya Matawis | gusti dados punapa ||

9. nikèn inya asru jêlah-jêlih | lah mênênga wong sadalêm pura | pan aja ngrundah atine | pan gusti lagi liwung | têka padha anjurung tangis | balik padha dandana | lang-olanga sangu | lah sira măngsa wurunga | dipun bêdhol binoyong wadya Matawis | payo pan linampahan ||

10. sang juwita manahe wus gigrig | pan lagi mingsêk-mingsêk kewala | ni êmban tumulya age | pinondhong sang dyah ayu | nuli munggah dhumatêng joli | para garwa sadaya | jinoli tinandhu | wong dalêm prasami mêdal | cinawisan tandhu wus sami anitih | wênèh nunggang têtundhan ||

11. sakathahe rabining priyayi | sampun sami tinandhu sadaya | wus bubar king nagarane | sadaya

--- [122] 202 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 3 dari 53

nangis umyung | lare alit samya alit |[3] ana kang jaluk sêga | wênèh jaluk banyu | jaluk susu nyang dodolan | pan kathah bêboyongan saking ing Pathi | lir pendah wong angarak ||

12. tandhu joli andulur pan asri | jajarane asri tiningalan | tumbak benang nèng ngarsane | langkung pangrêsanipun | magêrsari para prajurit | kocapa sri narendra | wus bubar karuhun | apan wus praptèng Mataram | sri narendra anggêganjar sakèh mantri | miwah para santana ||

13. duk bêdhahe nagara ing Pathi | sinêngkalan sirnaning pandhita | tinata ratu babade 1570 | samana sang aprabu | pan adangu[4] sang rajaputri | purwane lakinira | ing pambalikipun | katur yèn pun Endranata | kang ngadoni kang botên agawe bêcik | sang nata asru duka ||

14. duk samana sira sri bupati | sampun miyos wau siniwaka | pan kandhêg satinggil[5] bae | pinarak sitisulur | Martalulut kang dèn timbali | lan Ki Singanagara | ngandika sang prabu | Martalulut Singapraja | sundukana Si Endranata dèn mati | ana ing pagêlaran ||

15. wadya Mataram pan sami ajrih | aningali dukanira sultan | pan sami konjêm mukane [mu...]

--- [123] 203 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 4 dari 53

[...kane] | Endranata wus lampus | Pan binêdhèl usus dèn ambil | wus kinarya balabar | anèng pasar agung | sri narendya sampun jêngkar | anggadhaton sakèhe wadya Matawis | kang mati ginupita ||

16. wus mangkana ing alami-lami | sri narendra miyos siniwaka | pêpak wadyabala kabèh | miwah santananipun | Panêmbahan Purubayèki | kang tansah munggwing ngarsa | punika tinantun | kanjêng sultan angandika | lah ta uwa Purubaya kadipundi | prakawis Surapringga ||

17. ingkang rama wartane wus lalis | ingkang kari amung anakira | Ki Mas Pêkik pêparabe | punika karsaningsun | sun boyongi marang Matawis | pan arsa uningaa | panêmbahan matur | punapa ing karsa nata | ulun inggih umiring sakarsa aji | apênêt katimbalan ||

18. tan kawarna solahirèng margi | Surabaya Pangeran Kapêdhêk |[6] anèng ing padhukuhane | Ngrêrêpèh wastanipun | Alap-alap anuli prapti | andhawuhkên timbalan | kawulang ingutus | dening raka jêngandika | ing Mataram punika karsa pinanggih | kalawan jêngandika ||

19. pan andika tinimbalan aglis | mring Mataram lawan ingkang garwa | kinèn bakta sagarwane | sawiji sampun [sampu...]

--- [124] 204 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 5 dari 53

[...n] kantun | tan lênggana Radèn Mas Pêkik | sigra anulya dandan | sanak putunipun | Ki Alap-alap utusan | mring Tumênggung Sapanjang anuli prapti | sami kinèn adandadan |[7]|

20. angiringna mring Radèn Mas Pêkik | dèn karêksa anèng ing dêdalan | anulya adandan kabèh | sigra wus dandan sampun | Alap-alap Radèn Mas Pêkik | miwah wong Surabaya | rumêksa ing pungkur | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing dasa Butuh sira glis | angujung mring astana ||

21. pan asare ngastana sawêngi | Ki Mas Pêkik asare nèng dagan | têngah dalu ing wayahe | ana swara karungu | asung pêmut dhatêng Mas Pêkik | alah Ki Surabaya | wruhanira besuk | ing Pajang ana narendra | putunira asêtya dadi narpati | ana ing Wanakarta ||

22. kang ingaran iya Ratu Kuning | iya iku kaki putunira | kilèn ing kitha purane | kagyat sira awungu | wus raina anulya angling | mring kang tunggu ngastana | lah sira angrungu | ing swara tan katingalan | Pajang kene cinêtha ana narpati | anênggih putuningwang ||

23. ingkang aran ta Sang Ratu Kuning | kadhatone nênggih Wanakarta | Ki Kunci aris ature | Radèn Mas Pêkik matur | lah kariya kang tunggu kunci | sigra anulya bubar | tan kawarnè êdu | Ki tumênggung Alap-alap [A...]

--- [125] 205 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 6 dari 53

[...lap-alap] | angaturi wuninga dhatêng Matawis | matur mring sri narendra ||

24. lamun Radèn Mas Pêkik wus prapti | sri narendra miyos siniwaka | pêpak wadyabala andhèr | miwah santananipun | pêpak kabèh sami tinari | sultan aris ngandika | mring kang pinisêpuh | lah ta uwa Purubaya | kadipundi ing mangke Radèn Mas Pêkik | dhumatêng ngarsaningwang ||

25. inggih sintên kang yoga ngabêkti | lamun prapta punapa manira | ngabêktia sapatute | punapa awak ingsun | ingkang patut dèn kabêktèni | pakanira[8] rasakna | ing saprayoginipun |[9] panêmbahan sigra mojar | yèn kawula inggih ta Radèn Mas Pêkik | kang pantês ngabêktia ||

26. inggih sampun kungkulan narpati | botên wontên kawula kang nistha | pang sampun kawon kawruhe | ing mangke yêktinipun | tinimbalan dhatêng ing ngarsi | tan kuwasan lênggana | milane sang prabu | pantês punika kang nêmbah | sri narendra suka angandika aris | lêrês uwa andika ||

27. angandika sang sri narapati | ta wong gandhèk sira gêpahêna | Radèn Mas Pêkik marene | wong gandhèk awotsantun | tan adangu wus dèn timbali | sigra Ki Alap-alap | lampahe lumaju | ing alun-alun wus prapta | sigra pepe anèng sakidul waringin | kurung samya agêlar ||

28. sarayatira Radèn Mas Pêkik | pan binêkta apepe sadaya |

--- [126] 206 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 7 dari 53

wus katur sang nata ge |[10] pan tinimbalan sampun | ya ta prapta ngarsa narpati | Pangeran Surapringga | umarêk tumungkul | dhuwung sumèlèh ing kisma | sakalangkung ajrihira ing narpati | muka konjêm pratala ||

29. dhasar sangêt ajrih Radèn Pêkik | katanggung dening sihing narendra | datan tumênga mukane | lir surya kêmbar iku | sênênira Sultan Matawis | sakèhing wong pan merang | mangrêpa tumungkul | Adipati Surapringga | sigra matur mring Jêng Sultan ing Matawis | pêjah gêsang kawula ||

30. pan sumăngga katur paduka ji | mila botên asowan jêng sultan | tan măntra wadi gatine | dadya sawab mring ulun | dening warêg boga pêngasih | mudha dimudha dama | tan măntra ing sêmu | myang paduka naradipa | pan sinêkti de siniwi wong sabumi | anyakrawati ing rat ||

31. lwir katurunan lêlatul kadri | kadhawuhan andika sang nata | animbali gêgêbale | lir malekat tumurun | mring kawula dhawah sêjati | padhange tyas kawula | midhangêt pukulun | saandika sri narendra | langkung manis kawula dahat agipih | marêk dhatêng paduka ||

32. kangjêng sultan suka ing jro galih | amiyarsa aturing dipatya | ing Surabaya sumèlèh | jêng sultan ngandika rum | mring dipati ing Surabanggi | mila ngong sira undang | pêpanggih lan ingsun | wus pinasthi ing Hyang Suksma | patêmone [patêmo...]

--- [127] 207 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 8 dari 53

[...ne] lir surya kalawan sasi | sêdhênge sasadhara ||

33. wus raina sang hyang surya mijil | sapandulon prake lawan căndra | iya iku patêmone | sakêdhap sasi surup | timbangane surya lan sasi | salah siji ilanga | pêsthi jagad suwung | upama manira surya | Ratu Pêkik upama ta sira sasi | pêsthi timbangan ingwang ||

34. tanah Jawa iya ing Samawis | pêkênira yèn nora nanaa | yêkti rusak puwarane | jênêng Mataram puput | yèn tan têmu lan sira malih | sira pama sagara | pancurane ingsun | pêsthi sira nadhahana | toya agung talaga yèn tan nadhahi | yêkti puwara asat ||

35. para ingsun trêsna ingkang ati | yayi Surabaya lir êmbanan | yèn tan ana sêsotyane | dadya êmbanan suwung | mapan merang myang aningali | ucula ing ênan |[11] sirna tan kadulu | sêsotya tuwin êmbanan | cahya mancur akèh kang wong aningali | pan arsa ngêmbanana ||

36. lah Dipati Surabaya iki | sira wismaa anèng Mataram | maksiha ing kadipatèn | nagaranira iku | sun wèhakên mring sira maning | wadya ing Surabaya | ja owah ing laku | kang linggih lampit kêndhaga | apan iya maksiha linggihe lami | aywa owah kang saban ||

37. Surabaya kalawan Matawis | apan tunggal Ratu Pêkik ika | darbe nagara kêkalèh | lamine tan winuwus | adipati ing Surabanggi | pan sampun tinariman | kang rayi sang prabu | Ratu Wandhan wastanira | kang kagarwa ya marang Sang Ratu Pêkik | sampun awor asmara ||

--- [128] 208 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 9 dari 53

38. wus alami dènira wor rêsmi | Ratu Pêkik kalawan kang garwa | lan Ratu Wandhansarine | sultan anèng kadhatun | angandika marang ing cèthi | timbalana riningwang | Ratu Wandhansantun | matura yèn ingsun gêrah | yèn dèn wèhi nuli mentara dèn aglis | matura marang ingwang ||

39. sigra mentar punang cêthi prapti | tan asuwe ing Kasurabayan | sigra prapta ing ngarsane | Ratu Pêkik ta wau | punang cèthi pan nuli angling | kawula pan dinuta | inggih dipun utus | dhatêng raka jêngandika | kangjêng sultan nênggih kinèn animbali | dhatêng rayi sampeyan ||

40. kangjêng sultan lagya gêrah nênggih | ingkang wêling raka jêngandika | lamun si awèh lakine | lumêbu mring kadhatun | dèn tinjoa gêrahku iki | lan lakine tan suka | aywa ta lumêbu | Adipati Surabaya | têbah jaja sumăngga ing asta kalih | tan kèri lêngganaa ||

41. sigra mangkat Ratu Wandhansari | wus lumêbu sajroning kadhatyan | sigra prapta ing ngarsane | kangjêng sultan awungu | sigra Ratu ing Wandhansari | ngabêkti mring kang raka | angusapi lêbu | Ratu Wandhan atur sêmbah | kakang aji punapa sampeyan sakit | manah kula kapita ||

42. kangjêng sultan angandika aris | ariningsun luwih saking lara | pan ana ati ênggone | sun rasa saya ngranuh | ing larane kang anèng ati | dene ana pandhita | Giri durung nungkul | durung aseba maringwang | iya iku kang dadi laraning ati | tan ana têtambanya ||

43. tanah Jawa ingsun kang rêsiki | wus arata para ratu kalah | ingsun [ing...]

--- [129] 209 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 10 dari 53

[...sun] pêrangi kalahe | mulane Giri iku | tan sun rusak nagarèng Giri | sun kalahakèh ing prang | durung pêsthinipun | wus pinasthi Giri ika | mring pandhita kang mêsthi jayaning jurit | ngalahakêh pandhita ||

44. sakathahe kang doh ing Jawi |[12] pasthi kalah marang lakinira | wus kasoran lêluhure | Susunan Giri dangu | pan gêguru mring sang ayogi | Susunan Ngampèldênta | iku purwanipun | atapa kathah yuwana | tanah Jawa sadaya sami lumiring | angalahakèh ing aprang |[13]|

45. sigra mulih Ratu Wandhansari | sampun prapta anèng Surabayan | wus panggih lawan lakine | manêmbah ngaras suku | ing pratala Sang Ratu Pêkik | garjita ing jro nala | prapta garwanipun | anarka yèn ana karya | Adipati Surabaya wruh ing wangsit | mênêng èsmu sasmita ||

46. tan winarna laminya ing mangkin | Ratu Wandhansari sinarenan | sampun dènnya mong karêsmèn | sasampuning pulanghyun | Ratu Wandhan angling bêbisik | karsaning kangjêng sultan | wus babar maring sun | Adipati Surabaya | sigra mojar sun sêngguh nora kayèki | kang karsa kangjêng sultan ||

47. yèn wêruha kang karsa narpati | amrih rusake Giri Pandhita | pinrih ngidhapa wujude | wus kagêm ngastaningsun | pan wus anèng sêlaning driji | Pandhita ing Aldaka | ing saèstunipun | watara măngsa kalaha | umpamane lir amithês wohing ranti | pasthi kalamun bêdhah ||

48. Ratu Pêkik asru dènira ngling | mring sang rêtna manira nênêdha | ratu

--- [130] 210 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 11 dari 53

mas iku jatine | lah aturêna ingsun | caosêna sowan narpati | apan ta ingsun arsa | pamit ing sang prabu | kang garwa datan lênggana | sigra mangkat wus prapta ing dalêm puri | sarimbit tinimbalan ||

49. sapraptaning kalih ngarsa aji | adipati lawan Ratu Wandhan | wus ngabêkti kêkalihe | sumungkêm anèng lêbu | dêlamakan sri narapati | sang prabu angandika | kaya pa sirèku | Pandhita ing Giripura | sayêktine sun têmpuhakên sirèki | nungkule si pandhita ||

50. Ratu Pêkik umatur wotsari | paduka nata datan lênggana | nênggih atur kawulanggèr | Surabaya Sang Prabu | andhatêngna mêngsah kang sêkti | anênggih Rajèng Cina | piranti nèng gunung | wong Surabaya tan ebah | pan suwawi kalawan paduka aji | kawula pamit yuda ||

51. wontên dene rayi paduka ji | inggih botên pan kawula bêkta | katura dhatêng sang angrèh | wontêna ing kadhatun | pan wong èstri pan angribêti | botên dados dandanan | prakawis prang pupuh | botên wande dados băndha | têmpuhing prang satêmah tan kobêr jurit | pijêr ngrawati garwa ||

52. sri narendra gumujêng saryyangling | karsaningsun yayi garwanira | para gawaa ta mangke | mapan sasêdyaningsun | rabènira sadulur mami | barênga pêjah gêsang | kalawan rabimu | wus wiyahe ing wanodya | pan kang lanang kalah ajurit ngêmasi | bojo dadya boyongan ||

53. Ratu Pêkik umatur wotsari | inggih nuwun sih paduka nata | tan lênggana ing karsane |

--- [131] 211 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 12 dari 53

anulya sami kondur | Ratu Pêkik lawan kang rayi | manêmbah mring suku sang | mangusapi lêbu | kangjêng sultan angandika | alah lara ta sira aja gumingsir | barênga pêjah gêsang ||

54. Adipati Surabaya aglis | sinangonan êmas myang sêlaka | arta lawan busanane | ratu mas sinung sangu | panganggone kang luwih adi | rêtna lawan kancana | artanipun agung | jêng sultan nulya andonga | salamêta yayi dènira ajurit | mênanga yudanira ||

55. atur sêmbah sira sang dipati | lan kang garwa anulya lumampah | sampun prapta ing dalême | wong Surabaya kumpul | ing wartane wus olih mulih | sigra samya adandan | sawadyane kêbut | sang dipati sampun bubar | ing Mataram kalihan lawan kang rayi | tan kawarna ing marga ||

56. sampun prapta nagaranirèki | Surabaya sigra atêngara | amêpak wadyabalane | sawadyanira rawuh | nulya marêk mring sang dipati | Ratu Pêkik ngandika | sagung mantrinipun | hèh sakèhing wadyaningwang | mulaningsun iki dikakake mulih | ingutus adon jaya ||

57. kinèn gêpuk nagara ing Giri | para mantri tur sêmbah sadaya | angaturakèn sanggupe | yèn sampeyan anggêpuk | dhatêng Giri mapan kacangking | găndra pintên ing Arga | pan karoban wuwuh | wadya Surabaya kathah | wadya Giri punika amung sakêdhik | pundi margane mênang ||

58. karêp ingsun anak mas ing Giri | nanging ingsun pan [pa...]

--- [132] 212 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 13 dari 53

[...n] ora sun ambah | ingsun prih idhêpe bae | nungkula krana patut | wontên mantri tuwa sawiji | pan inggih kawula mirsa |[14] wartine sang wiku | pan darbe anak-anakan | Endrasena punika digdaya sêkti | arsa magut ing aprang ||

59. panggawene sang raja ing Giri | angrujuki sang ratu ing Cina | amapaga ing karsane | wadya punggawanipun | ngandêlakèn lamun patitis | juritipun Ki Cina | bêdhil agêmipun | singa kang dèn bênêrana | pan waspada wadya Cina ambêbêdhil | Rajêng Giri pracaya ||

60. angandika sira Sang Dipati | Surabaya sokur yèn Si Cina | amapaga ing yudane | măngsa mundura ingsun | mara uwis bêndhea aglis | sigra nêmbang tangara | gêgaman wus kumpul | prajurite sami prapta | sampun pêpak nèng alun-alun abaris | ginêlar salobogan ||

22. Asmarandana

1. alèlèr-lèlèr waradin | prajurit lawan prawira | anulya kinèn abêndhe | abubarêna gêgaman | panulya[15] tiningalan | gêgaman bubar gumuruh | kadi wukir kawêlagar ||

2. sigra bubar sang dipati | sakalihan ingkang garwa | anitih joli garwane | kang raka lumakwèng wuntat | nitihi kudanira | ginarêbêg wadyanipun | prajurit lumampah ngarsa ||

3. solahe lir banthèng kanin | lir singa lodra mamăngsa | anggêgilani tandange | gêgamanira balabar | lir tasik [ta...]

--- [133] 213 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 14 dari 53

[...sik] tanpa wêkas | datan kawarna ing ênu | wus prapta ing Argapura ||

4. ênêngêna ta rumiyin | Adipati Surabaya | Rajèng Giri winiraos | wus ngaturana uninga | yèn arsa ingunggahan | mring wong Surabaya rawuh | praptane saglar sêpapan ||

5. angandika Natèng Giri | yèn mangkono wartanira | yakti saolèh-olèhe | alah payo winêtonan | prange wong Surabaya | dadia têtindhihipun | putraningsun Rajèng Cina ||

6. kawula anuwun idi | alami kularsa-arsa | damêl dalêm salamine | sampeyan dipun pracaya | dhumatêng wak kawula | pan inggih kawula purun | mungsuh ing wong Surabaya ||

7. anulya tangara aglis | pêpak ingkang wadyabala | wong Giri wus pêpak kabèh | sarta gêgamaning yuda | marbot modin sadaya | santrine wus samya kumpul | kadi kontul arêratyan ||

8. kêtib pangulu dhingini | pranan kalawan santana | Ki Cina senapatine | samya wong Cina balanya | kathahe winatara | pan ana wong kalih atus | wus manjing Islam sadaya ||

9. para santana ing Giri | sampun apêpak sadaya | pan nindhihi gêgamane | pan nulya sigra tangara | mangsah ing rananggana | sêdyane barênga ngamuk | sigra anulya umangkat ||

10. bêndhe bêdhugnya tinitir | wong Surabaya uninga |

--- [134] 214 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 15 dari 53

anulya nata barise | putra Cina wus amapan | sami ngagêm sanjata | kang binêdhil nora luput | wong Surabaya kèh pêjah ||

11. karsanya angidêg wani | anulya kinariyinan | wong Giri angamuk kabèh | wong Surabaya tumandang | sampun campuh ing yuda | suraknya lir gunung rubuh | santrine sami babêksan ||

12. sakathahe wadya Giri | prasami ambêk palastra | saha bala ngamuk kabèh | sinosog ing ganjur rantab | binêdhil binakolang | tan kandhêg pangamukipun | wong Surabaya kèh pêjah ||

13. wus bubrah tataning baris | wong Giri wus anèng têngah | pangamukira wus amor | barise pating sulayah | gustine tan karuan | wong Surabaya katawur | prajurite kèh palastra ||

14. wong Surabaya angisis | wong cilik kathah lumaywa | kang prajurit bubar kabèh | ulate wus pandirangan | datan măngga puliha | ya ta kasaput ing dalu | kang amburu sampun bubar ||

15. wong Giri wus samya bali | wangsul marang prênahira | wadya Surabaya kabèh | kang prajurit samya sowan | dhumatêng gustinira | sadaya sarêng umatur | ngaturakên pêjah gêsang ||

16. kawula tiwas ing kardi | wadya tuwan kathah pêjah | kang gêsang samya kaponte | kaburu kaponthal-ponthal | inggih tiyang Aldaka | sadaya pan samya têguh | sêdyane malêbu pêjah ||

17. putra Cina kang nindhihi | tuhu kalamun waspada | datan luput pambêdhile | wadya tuwan kathah pêjah |

--- [135] 215 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 16 dari 53

adipati miyarsa | ing ature abdinipun | ya ta angrês sang dipatya ||

18. manahe sampun amiring | angraos datan kawawa | tan anêdya pulèh gêtèh | Ratu Wandhan wus uninga | yèn kang raka kèwêdan | aris ing pamuwusipun | umatur dhatêng kang raka ||

19. yèn makatên kang ajurit | kawula anêdha lila | pêrange sun dandanane | kang raka gupuh ngandika | dhuh gustiningsun nyawa | ratune saliring santun | kayaparan karsanira ||

20. wadyanira maskuari | balane akèh kang pêjah | kang garwa aris ature | sok uga dika liloa | manawi ta kawula | sagêt mulihakên purun | kang raka asru ngandika ||

21. sakarsanira mas yayi | ingsun pan nora suwala | dhatêng andhèrèk kimawon | sigra anulya raina | Ratu Wandhan wus mêdal | pinarak nèng tarub agung | akalihan ingkang garwa ||

22. sineba dene ing mantri | Ratu Wandhan angandika | mring kang wadyabala kabèh | hèh wadyane lakiningwang | iki darbe manira | reyal namung wolung èwu | dumên lan wong pawingkingan ||

23. Pangkur

1. sakathahe wadyaningwang | pan sadaya wus linèlèr waradin | arta lan busana agung | sakèh prajuritira | kabèh sampun tampi ganjaran jêng ratu | pan dinum kadi rajapan | sadaya sampun waradin ||

2. sawiji datan kliwatan |

--- [136] 216 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 17 dari 53

sakathahe prajurit Surabanggi | Ratu Wandhan ngandika rum | lah kabèh wadyaningwang | ya sakèhe ganjaran ingsun puniku | lah padha sira gawea | angingoni anak rabi ||

3. ing besuk yèn mulih sira | praptèng ngomah aywa sira kuwatir | pan ingsun mulih ing besuk | iya maring Mataram | sami ngaturakên pêjah gêsangipun | yèn wus karuhan prangira | angrasa tan angundhili ||

4. sun matur ing kangjêng sultan | lamun kalah ênggènira ajurit | yèn kajodhi yêkti iku | iya ing pêrangira | pan akabèh prangira padha kaburu | pra mantri kathah kang pêjah | samawana wadya alit ||

5. sakèhing wadya prawira | apan sami tur sarwi anangis |[16] miwah pra prajurit wau | kabèh sami karuna | saha bêkti ature mring radèn ayu | dhuh gusti kamangkarannya | paduka pan darbe kardi ||

6. kawula datanpa ngrasa | yèn taksiha karya jurit puniki | kawula gusti anuhun | ing raka jêngandika | kenging botên kenginga palalu lêbur | măngsa kawula gingsira | kabèh matur kang prajurit ||

7. kawula gusti ing benjang | tandhing aprang lan putra ing Cinèki | inggih kawula dèrèng wruh | tètère pangagêngnya | wong ing Giri ing pêrange kang ginunggung | ingkang aran Endrasena | pan ingkang wasis abêdhil ||

8. datan [data...]

--- [137] 217 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 18 dari 53

[...n] nêdya pan gingganga | agandhènga kănca tandhing kuwanin | sawênèh ana amuwus | sikêp kawratan dona | pan gumuruh samya angajak prang pupuh | lah payo padha apêrang | mupung ingsun sugih wani ||

9. pasthi sèwu sisih ingwang | lamun nyadhang ing pêpikulan mami | sawênèh pan ana muwus | salêksa sisih ingwang | yèn wus ngangkat karanjang êmbatan ingsun | Ratu Wandhan angandika | yèn sira amangun jurit ||

10. pan ingsun karsa uninga | iya polah ingwang arêbut jodhi | kalangkung kapengin ingsun | ayun crahing ayuda | kang prajurit manêmbah sami umatur | dhuh gusti atur kawula | sampun paduka ningali ||

11. prajurit kadi gupala | tanpa ngraos yèn gusti kongsi uning | Ratu Wandhan aris muwus | hèh prajurit sadaya | wruhanira ujare lêluhur ingsun | prajurit langkung digdaya | ing Jawa tan ana tandhing ||

12. saking rama ji ing kuna | pan linêwih marmane ingsun iki | anjaluk tingkah prang pupuh | prajurite sadaya | saha bêkti ature mring gustiningsun | pan kula maksih nèng dunya | kenging tan kenginga gusti ||

13. alah iya sun tarima | muga winalêsa dening Hyang Widi | Ratu Wandhan malih muwus | mring prajurit sadaya | iya padha asingêdana puniku | manawa campuh

--- [138] 218 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 19 dari 53

ing yuda | dening ingsun têngarani ||

14. yèn bêdhil muni ping sapta | alah poma iya wawêkas mami | sakèhe prajurit ingsun | yèn wus kuwur ing yuda | aglis anêmpuh andon ngantêp prang pupuh | Ratu Wandhan wus lumampah | ingiring para prajurit ||

15. nèng ngiringan rada têbah | prajurite anulya dèn undhangi | Ratu Wandhan sikêpipun | sadaya sarêng prapta | nulya binusanan punang sikêp sampun | panganggo kang murub muncar | dinulu kadya prajurit ||

16. kabèh sikêp Surapringga | kulambine abra sangkêlat abrit | ana ijo kuning wungu | kang kulambi sangkêlat | kang sawênèh sora sari klabinipun[17] | sami trênggos kulukira | sarta sinondheran sami ||

17. ngajrihi yèn tiningalan | Ratu Wandhan nulya siyaga aglis | saksana umangkat sampun | wau Sang Ratu Wandhan | ingkang tansah kalawan ing kakungipun | Adipati Surabaya | lir grah swaraning wadya lit ||

18. Sang Prabu ing Giripura | apan sampun miyosi ing ajurit | bala Surabaya wau | sami apan tumingal | datan nganti tinêran têtandangipun | wong sikêp ing Surabaya | anulya pating barêkik ||

19. suraking bala lir gêrah | wong ing Surabaya malatar sami | wuninga Sang Natèng Gunung | sigra mêdali inggal |

--- [139] 219 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 20 dari 53

sakalihan lawan putra Cina iku | ingkang aran Endrasena | pan sampun angagêm bêdhil ||

20. saksana wong Surabaya | singa ingkang binêdhil apan kêni | nanging wong Surabayèku | datan arsa mundura | tan tinolèh kang pêjah ingidak purun | tandange wong Surabaya | datan nêdya angunduri ||

24. Durma

1. pan karasa pêparinge Ratu Wandhan | anêdya malês bêcik | pan pating gulibrah | sikêping Surabaya | kang ngamuk saya nêngahi | sikêp prakuswa | lir ombaking jaladri ||

2. sampun rukêt kang aprang tumbak-tinumbak | rame agênti kêris | apêdhang-pinêdhang | ana kêkanthèn asta | sawênèh bithi-binithi | putra ing Cina | ngamuk amobat-mobit ||

3. putra Cina pangamuke saya nêngah | kadi banthèng akanin | anglir sima măngsa | sing katarajang bubar | wong Surabaya tan pulih | bubar lumajar | wong Surabaya ngisis ||

4. Ratu Pandhan[18] ningali balane rusak | sigra nulya nudingi | marang balakuswa | kinèn mêtu sadaya | bêdhil sampun dèn sulêdi | muni ping sapta | prajurit angawaki ||

5. dipun lambung wong Giri saking ngiringan | nanging datan udani | bubar ting sulayah | pêpati ting jalêmprah | wong Giri bubrah angisis | putra ing Cina | kinêpung ing

--- [140] 220 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 21 dari 53

prajurit ||

6. putra Cina angamuk sabalanira | tandange gêgilani | apan katadhahan | Cina ngamuk sadaya | pan samya anêrêk sami | pating sulayah | prajurit akèh mati ||

7. gègèr samya wong Cina giris sadaya | arsa ngamuk awêdi | saksana lumajar | sami angungsi ngarga | kang kari padha akanin | pating sulayah | sadaya sami ngungsi ||

8. ana ingkang angungsi raja pandhita | sawênèh ngêrbut rabi | wênèh ngungsi jurang | lumayu mring sagara | ing Giri wus dèn ubêngi | barise kapang | ing Giri samya gusis ||

9. kawarnaa Adipati Surabaya | minggah dhatêng ing Giri | lawan ingkang garwa | prajurit anèng ngarsa | pinapag ana ing panti | dening wanodya | garwane sang ayogi ||

10. sami nangis garwane raja juwita | sadaya angabêkti | dhuh karsa punapa | anggèr nêdha kawula | ngapurane sang ayogi | lêhêng gêsanga | yèn kenging kula gusti ||

11. angandika Dipati ing Surabaya | hèh wanudya ing Giri | datan sêdya paran | yèn kêna ki pandhita | mulane sun têka ngriki | arsa panggiha | kalawan sang ayogi ||

12. sêdyaningsun ni mantu mring lakinira | nora ingsun patèni | yèn kêna elinga | nungkula mring Mataram | ngaturêna pati urip | pan ora nyana | kalamun mapag jurit ||

13. laminira yèn pikire atiningwang | têkaa ngarsa mami | aywa salah blila | lah mara timbalana | lan aja anggawa kêris | lah ta dèn inggal | têkaa ngarsa mami ||

--- [141] 221 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 22 dari 53

14. ingkang garwa sami nimbali sadaya | umarêk marang laki | prasami anêmbah | gusti atur kawula | andika dipun timbali | mring sang dipatya | Prabu ing Surabanggi ||

15. pan agêpah saure raja pandhita | anulya dandan aglis | tan mawi curiga | sampun prapta ing ngarsa | sang pandhita atur bêkti | mring sang dipatya | pandhita langkung ajrih ||

16. angandika Sang Prabu ing Surabaya | mring pandhita sirèki | paran karsanira | sira pan ingsun gawa | marang Surabaya mangkin | sira idhêpa | marang Sultan Matawis ||

17. Sang Pandhita ing Giri pan aturira | datang lênggana gusti | wus ing karsaning Hyang | paksa ing kina-kina | inggih bumi langit iki | singa gethanga | dados asmara ati ||

25. Asmarandana

1. angrês manahe dipati | ningali ing mantunira | pan sarwi ngandika alon | aywa maras atinira | sun gawa mring Mataram | asêba marang sang prabu | sarwi sira tinakonan ||

2. kawula dhatêng nglampahi | sang dipati angandika | mring wadyabalane kabèh | lah ta sira jaganana | wadya matur sadaya | yèn suwawi ta sang prabu | sang dipati pinêjahan ||

3. milanya têmah ajurit | abdi dalêm kathah pêjah | saking pandhita angsale | sang dipati angandika | ingsun nora winênang | amêjahi sang awiku | pan dudu bubuhan ingwang ||

4. lah ta benjing putu mami | ingkang numpês Giri ika | lah uwis dipuna age | anulya sira tandhua | pan nuli sang pandhita | binakta

--- [142] 222 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 23 dari 53

sarwi tinandhu | miwah sakèh para garwa ||

5. wong cilik wus dèn boyongi | sang dipati sigra bubar | datan kawarna lampahe | wus prapta ing Surabaya | watara laminira | asare mung gangsal dalu | arsa seba mring Mataram ||

6. sadaya adandan sami | sang pandhita wus binakta | pawongan ginawa kabèh | miwah ingkang rajabrana | sigra anulya bubar | datan kawarna ing ênu | wus prapta nagri Mataram ||

7. asowan wau sarimbit | malêbêt sajroning pura | kang raka kandhêg ing regol | Ratu Wandhan sampun prapta | nèng ngarsane jêng sultan | saksana pan sampun tundhuk | sumungkêm nèng padanira ||

8. sri bupati ngandika ris | lah êndi lakinira |[19] kang rayi tur asêmbahe | inggih wontên paregolan | sang nata angandika | lah timbalana dèn gupuh | malêbu ing ngarsaningwang ||

9. sampun tinimbalan aglis | tan asuwe sigra prapta | sumungkêm pada sang katong | ingandikan sigra nêmbah | matur saha wotsêkar | kawula paduka utus | anggêcêk ing Giripura ||

10. raja pandhita kalindhih | punika kawula bakta | saha garwanipun kabèh | myang sarajabrananira | mangke atur kawula | katura dhatêng sang prabu | sri narendra angandika ||

11. ingsun anarima mami | saking karya pêkênira | raja pandhita ing mangko | ngong paringakên ing sira | miwah rajabrêrana | lawan saisining Gunung | sira ingkang

--- [143] 223 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 24 dari 53

aduwea ||

12. anuhun sang adipati | sigra sinungan barana | miwah ta rajakaputrèn | dhumatêng kang rayi ika | sang nata angandika | lah wis mulia sirèku | marang padalêmanira ||

13. kang rayi sarêng wotsari | mêdal saking jroning pura | anjujug marang dalême | sampun prapta dalêmira | miwah sakèh boyongan | lawan rajabrananipun | wus sami dinum sadaya ||

14. sakèh ingkang para mantri | ing Surabaya sadaya | wus sami dinuman kabèh | prajurit lawan satriya | lêlurah lan gêbayan | warata dhatêng pêpikul | kakucah lir guladrawa ||

26. Dhandhanggula

1. kawarnaa laminya ing mangkin | kang kocapa Sang Prabu Mataram | dawêg siniwèng wadyane | pêpak mantri tumênggung | jajarane apan arakit | tumbak lêmbing myang panah | bêdhil jajaripun | Priyantaka pan ajajar | lan wong nyutra wong nulup nèng kanan kering | pêpak anèng ing ngarsa ||

2. wong Jagabaya jajare sami | Angkragnyana sami anèng ngarsa | wong Priyantaka sambunge | wong Wisamarta iku | Kartiyasa sisihirèki | Wirabraja ajajar | lan Brajanalèku | wong kapilihan nèng ngarsa | lan Nirbaya Patrayuda jajarnèki | kalawan wong kanoman ||

3. wong agandhèk mantrianom nangkil | lawan malih wong Singanagara | wong Martalulut jajare | gabayan pêrnahipun | rada kiwa niyaga wingking | wong kidul kabèh seba | jajare wong mandhung | winastan [winasta...]

--- [144] 224 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 25 dari 53

[...n] wong Astranăngga | Maudara Jagasura Judhipati | Gowong lawan Margăngsa ||

4. pêpak kabèh sadaya tinangkil | para bupati miwah santana | munggwing ing ngarsa prênahe | kalawan malihipun | pinisêpuh wus samya nangkil | wong pasisir kalawan | măncanagarèku | pêpakan samya aseba | sri narendra samana ngandika aris | dhatêng Madurarêja ||

5. uwa Madurarêja ing mangkin | kita lumampaha ing ayuda | pan dadia têtindhihe | wong pasisir sadarum | pan adunên iku ing jurit | nagara ing Jakarta | uwa wartanipun | pan kancikan ing Walănda | bupatine ing mêngko uwis kalindhih | nagara ing Jakarta ||

6. kang punika rêbutên ing jurit | alah kenging marang wong Walănda | lah wadya pasisir kabèh | nuli apranga cucuh | Adipati Madura aglis | mundur saking ing ngarsa | nuhun pamit sampun | sri bupati angandika | pêkênira gawaa ing mriyêm mami | kêkalih kang prayoga ||

7. pan mêtua ing lautan benjing | anggawaa wong pasisir ika | adipati nêmbah lèngsèr | bubar ing alun-alun | sapraptaning wismanirèki | pra mantri lan santana | anom tuwa rawuh | Dipati Madura mojar | mring santananira ingkang alit-alit | lah padha pradandana ||

8. iya ingsun kinèn anindhihi | ing pêrange wong pasisir ika | kangjêng sultan parentahe | Jakarta kinèn gêpuk | anundhunga mring wong Walandi | sakèh santananingwang | miwah anak putu | sira kabèh pradandana [prada...]

--- [145] 225 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 26 dari 53

[...ndana] | nanging pangrasaningsun nora mulih |[20] nadyan ingong mênanga ||

9. pasthi lamun ingsun datan mulih | ya ta garwane sang adipatya | myarsa wuwuse lakine | sami anangis umung | sêsambate amêlasasih | myang anak putu samya | sadaya amuwun | kiyai kados punapa | ngandikane têka mêmarasi ati | kang raka lon ngandika ||

10. apan uwus karsaning Hyang Widhi | lah ta uwis ya padha kariya | dèn padha abêcik kabèh | sira sapungkur ingsun | măngsa sira wurunga benjing | anusula maringwang | ing pangrasaningsun | sigra Pangeran Madura | wus angrakit tata gêgaman kang baris | sampun pêpak sadaya ||

11. miwah para mantri ing pasisir | apan sampun pêpakan sadaya | sampun mrantos gêgamane | bêdhil agêng wus mêtu | sigra sampun utusan mulih | wau Ki Baurêksa | acêcawis sampun | sadandananing ayuda | Ki Dipati Mataram kabèh wus cawis | miwah Dipati Sampang ||

12. Surabaya kalawan Garêsik | ing Lamongan Lasêm Sêdayunya | Tuban Dêmak Jêparane | Juwana lawan Kudus | ing Samarang wus sami mulih | marang nagaranira | sowang-sowang sampun | mariyêm kêkalih ika | wus binakta dhatêng ing Sampang nagari | jaga mêtu nglautan ||

13. pan samana wus samya ajangji | lan ing Sampang miwah Surabaya | kang mêtu ing dharatane | Ngastina gèn tatêmu | atêmpukan sakèhing baris | Ki Madura lampahnya | tan kawarnèng ênu | wus praptèng nagri Ngastina | sakathahe samana wong ing pasisir | wus sami ingutusan ||

--- [146] 226 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 27 dari 53

14. ingkang kêlèn sampun sami cawis | miwah wetan kang wus sami prapta | apan sampun kumpul kabèh | sampun dangdan parau | tan antara bubar tumuli | sigra anulya mancal | babar layaripun | wus sami silêm dharatan | kang sawênèh ana angangkat kumudhi | Kaliwungu ing Kêndhal ||

15. Batang Wiradesa ing Samawis | ing Barêbês kalawan ing Têgal | Pamalang kumpulan gêdhe | tinata layar sampun | ting galêbyar dinulu asri | tan kawarna samana | Carêbon wus rawuh | anggènnya atata-tata | sigra mangkat saking Carêbon nagari | tan kawarnèng lautan ||

16. ing Jakarta apan sampun prapti | anulya nata ing barisira | Pangran Madura pondhoke | kidul wetan kuthèku | kinêpung ing pondhok pasisir | wus misuwur samana | pan arsa ginêpuk | iya marang wong Walănda | wong Jakarta obah wong Jawa wus balik | seba mring Ki Madura ||

17. apan ingkang kari mung Kumpêni | prasami ngati-ati sadaya | amunggul balowartine | amapan maryêmipun | myang gurnada lan gutuk api | Walănda pan andina | apuyêngan iku | panggêdhene wong Walănda | kang parentahèng sakathahing Kumpêni | kapitan namanira ||

18. Jakup Wispèh kapitan namèki | agêng inggil apan tur prawira | ing sabrang pilih tandhinge | apan pilih kang mungsuh | ya kapitan lamun ajurit | malih wasta Kapitan | Bèlêm wastanipun | Endrus namaning kapitan | kang satunggal Sitoye namanya

--- [147] 227 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 28 dari 53

nênggih | satunggil Jrodo ika ||

19. lan malihe wastaning Kumpêni | Kapitan Karèng ingkang satunggal | Kapitan Gêbyug wolune | sêkawan petoripun | pan nêmbêlas Litnan Walandi | lopèrès tan winarna | wong Walănda wau | andina-dina mêlatar | tamburipun pan tansah brang-brangan muni | wus samya nêdya pêjah ||

20. wong Walănda ingkang alit-alit | langkung sami tintrim manahira | tansah nèng jro kitha bae | tan ana wani mêtu | nêngna ing wong Walandi |[21] ucapên wong Mataram | Ki Madura wau | barise sampun tinata | pra dipati sadaya wus dèn utusi | sampun pêpak sadaya ||

21. anrangbaya kang sampun aprapti | Barêbês Têgal Roban Samêdhang | Pêmalang sarêng praptane | miwah Wiradesèku | Batang Kêndhal lan Lèpènlangi | Samarang lan Jêpara | ing Tuban Sêdayu | ing Kudus lawan Juwana | ing Garêsik Surabaya lan ing Bangil | Gêmbong Lasêm Lamongan ||

22. lan ing Sampang kinèn miyos warih | jaga mungsuh kang mêtu lautan | Ki Dipati Madurane | sigra dènira muwus | mring sakèhe para dipati | sakèhe sanak ingwang | Pasingsingan ngong tantun |[22] yèn rêmbag sanak manira | ing Jakarta dawêg ginêpuk ing mangkin | inggih wong Jawa têlas ||

23. inggih samya aseba mariki | jroning kitha mung kari Walănda | Ki Baurêksa ature | kula ngaturi rêmbug | dening wadya kang mêdal [mêda...]

--- [148] 228 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 29 dari 53

[...l] warih | punika dèrèng prapta | ingantos karuhun | kang dhingin wus prajangjeyan | ing ayuda sarêng lêbur tan gumingsir | gêpuk kitha Walănda ||

24. lah punika kalamun suwawi | yèn tan prapta lêhêng ingantosan | sadina kalih dinane | Ki Madura pan rêmbug | anuruti ature sami | Tumênggung Baurêksa | ing saaturipun | miwah pasisir sadaya | angrêmbagi kèndêla ing kalih wêngi | sigêgên tan winarna ||

25. kang kocapa Sang Natèng Matawis | anèng pura kalane pinarak | kalihan kang uwa bae | sri bupati ngandika rum |[23] inggih uwa Purubayèki | andika sumusula | mêyangana iku | kang jurit marang Jakarta | inggih uwa puniku dika tuwani | kang mêtu ing lautan ||

26. nanging uwa ing wawêkas mami | pan ing dika tuwani piyambak | kinarya pratăndha bae | tandhaning aprang pupuh | Panêmbahan Purbaya aglis | sigra pamitan mentar | mêdal sing kêdhatun | panêmbahan lampahira | tan ambêkta gêgaman kang mawi baris | mung kapêdhak lêlurah ||

27. tan kawarna ing marga wus prapti | ing Jêpara wau panêmbahan | apan darbe palwa dhewe | wastane kang parau | Kaladuta warnanya asri | pan sampun tinitihan | babar layar sampun | prapta têngahing lautan | nêngêna panêmbahan ingkang lumaris | warnanên Ki Madura ||

28. apan sampun amiyarsa warti | penêmbahan anusul punika | Ki Madura ing jro tyase | angraos [angra...]

--- [149] 229 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 30 dari 53

[...os] isinipun | dening lampah dipun tumpangi | sigra sami tangara | wau Ki Tumênggung | Baurêksa wus satata | barisira kalawan baris pasisir | apan sampun kumêrab ||

29. miwah ingkang mêdal laut nênggih | wong ing Sampang wus mêdili[24] yuda | gumrê[25] sauran surake | wong Walănda wus wêruh | lamun arsa dipun inggahi | sigra nulya tangara | gumêr swarèng tambur | Kumpêni wus amalatar | mariyêming gurnada gurnat miranti | gutuk api wus mara ||

30. wus atata satabêl ngadhêpi | saradhadhune ababrêgadan | Walănda bêdhil sikêpe | ing sakumpêninipun | wong Walănda ingkang nindhihi | kopralipun têtiga | pan alpèrèsipun | satunggil sampun tinata | sabrêgada iya kapitan satunggil | litnang[26] kalih kang nata ||

31. alpèrèse sampun angidêri | kang anèng lor kulon kidul wetan | pan sampun tata barise | dene ta kathahipun | pan Kumpêni ingkang winilis | amung kawan brêgada | wau kang winuwus | kapitanipun kang nama | Jakup Wèspèh jaga ngidêri Kumpêni | pan sami prajangjeyan ||

32. kang prajangji apan barêng mati | aja ana gumingsir ing yuda | wong Walănda rêmbug kabèh | ajangji barêng lêbur | ya Kapitan Wèspèh nulya ngling | sapa sudi ing sira | yèn sira tan purun | wus ala ajêjêriha | wong Walănda wus bubuh-bubuh anjangji | sami ungkur-ungkuran ||

27. Pangkur

1. Walănda [Wa...]

--- [150] 230 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 31 dari 53

[...lănda] sampun atata | kidul wetan wau kang dèn kandêli[27] | warnanira kadi mêndhung | bêdhilira tinata | mariyême gurnada gurnat lan êbum | gutuk api lawan lela | kalantaka angidêri ||

2. sanapan pating galêbyar | pan tambure brang-brangan mlingi kuping | Kapitan Jak Wèspèh kidul | lawan kapitan papat | kang anama Kapitan Bèlêm Wisdrus |[28] Tubyus wastane satunggal | kalawan Kapitan Wali ||

3. Ki Mandura atêngara | wong pasisir kang kilèn mangsah jurit | sigra atangara sampun | suraknya asauran | karsanira angrangsang kutha anggêpuk | prasami ababêdhilan | sêdyane angantêp jurit ||

4. wong pasisir sami rampak | wong Kumpêni pan sampun ngati-ati | mariyêm sinulêt sampun | swarane kadi gêlap | mungsuh rowang bêdhile lir gunung rubuh | wong pasisir kathah pêjah | pan misih sudirèng jurit ||

5. nanging maksih binêdhilan | mariyême sadaya taksih muni | anggêgilani karungu | kadi prawata bêntar | mimisipun dinulu pan kadi daru | wong pasisir sami mêndhak | kang katrajang datan urip ||

6. tan măngga-măngga puliha | wong pasisir pan sampun kathah mati | ingkang mundurr nandhang tatu | gêgaman wus arusak | duk samana sampu[29] kasaput ing dalu | wong Jawa mundur sadaya | manahe kalangkung giris ||

7. enjang wau Ki Mandura | karsanira umangsa[30] jurit malih | wadya kang ana ing laut | pan sampun ingutusan |

--- [151] 231 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 32 dari 53

kinèn sarêng mara ing panggêpokipun | wadya pasisir sadaya | mariyême wus miranti ||

8. Walănda sampun atata | babêdhilan ingkang anèng pasisir | mariyême nèng parau | muni ngungkuli kitha | sinulêdan swarane lir gunung rubuh | kadi gêlap asauran | pêtêng dhêdhêt angliwêngi ||

9. wong Jawa akathah pêjah | pan Kumpêni kèh tatu akèh mati | saradhadhu akèh lampus | kopral lawan sareyan | wong Kumpêni samana prêrange bêlung | dening kukusing sundawa | pati-pati dèn gagabi ||

10. dadya kang mêdal lautan | pan akathah angsalipun pêpati | mariyême pan pakantuk | Kumpêni kathah pêjah | têtindhihe Kapitan Drus sampun lampus | litnang kêkalih wus pêjah | sareyan têtiga mati ||

11. nanging sampun ginêntenan | kapitane litnang wus dèn suluri | apan maksih pêrang pupuh | gumuruh babêdhilan | duk samana sampun kasaput ing dalu | prasami arêrêmbagan | Kumpêni pan sampun tintrim ||

12. ênêngêna pan samana | kawarnaa panêmbahan wus prapti | angambang ana ing laut | nitih pun Kaladuta | kapalira agêng apanjang abagus | nênggih kucaping carita | wontên palwa agêng prapti ||

13. nênggih kapaling Walănda | karsanira wau ayun miyangi | gêgaman kang ana laut | punika dados sêmang | kapalira pan têtiga kathahipun | Panêmbahan Purubaya | pan nuli amarêpêki ||

14. Kumpêni kang anèng palwa | sadayane pan sampun ngati-ati |

--- [152] 232 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 33 dari 53

mriyême sinulêt sampun | ngajênging panêmbahan | datan kandhêk palwane anandêr asru | ngadêg lir taksaka lanang | warnane anggêgilani ||

15. baita nulya angrunjang | angin sangêt swaranya kadi bêdhil | saking barat sangêt nêmpuh | palwa tarung lir gêlap | palwanira baita Walănda lêbur | kèrêm anèng ing samudra | kang kari prasamya lari ||

16. sampun misuwur kang warta | Panêmbahan Purbaya sampun prapti | aprang nèng luhuring laut | palwane Lănda pêcah | apan kèrêm palwa kêkalih lumayu | Kumpêni sampun miyarsa | manahe pan sampun giris ||

17. wus kaloka mring Walănda | yèn Pangeran Purubaya sinêkti | kaloka yèn bisa mabur | iya kala samana | wong Kumpêni antintrim sadalu-dalu | ngawang-awang binêdhilan | saksana obate tipis ||

18. enjing malih kawarnaa | Panêmbahan Purbaya sampun minggir | wong pasisir sami dulu | kang ana ing lautan | sarêng mangkat sêdyanira pêrang pupuh | sampun aminggir sadaya | Kumpêni sampun arakit ||

19. rêmbagira pra kapitan | bêdhil gêdhe anèng pinggir pasisir | tinutup ing karsanipun | sampun ingarah-arah | ingkang yogya mimis bisaa malêbu | anulya bêdhili sigra | Kumpêni pangrahnya sisip ||

20. ngênèni lambe kewala | malah gêmpal lambe mriyêm Matawis | ambêdhil-binêdhil dangu | parau kathah pêcah | wadya alit akèrêm kathah kang lampus | Kumpêni pan kathah pêjah | kapitannya roro mati ||

21. Panêmbah Purubayanya [Purubaya...]

--- [153] 233 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 34 dari 53

[...nya] | sigra têdhak saking palwanira glis | panakawane tatêlu | punika kang binêkta | kang ambêkta lantaran lawan kakuthuk | lan kang ngampil pakinangan | Kumpêni sampun udani ||

22. nulya sigra binêdhilan | mariyême sadaya dèn sulêdi | swarane lir gunung rubuh | gurnat lawan gurnada | gutuk api swarane kadi galudhug | tambure gumêr lir bêdhah | salomprèt pating jalêrit ||

23. panêmbahan angandika | Si Walănda dening kapati-pati | ambêdhili marang ingsun | lah iya êntèkêna | tandangira Kumpêni sangsaya gugub | lir ambêdhil wêwayangan | bêdhil buntêt tanpa mimis ||

24. sawênèh bêdhile sêmpal | panêmbahan sangsaya marêpêki | Walănda sangsaya gugub | gègère apuyêngan | kang sawênèh bêdhile marêp mandhuwur | manahira butarêpan | manawa ana ing langit ||

25. panêmbahan angandika | hèh Kumpêni dening kapati-pati | apa ngandêlkên kuthamu | dumèh kandêl awiyar | apan kinèn nêmêni masthi yèn lêbur | sigra nulya tinudingan | kutha bêngkah sêdhêng jalmi ||

26. Panêmbahan Purubaya | nulya kondhur pan maksih dèn bêdhili | pan eca sês lampahipun | lir bêdhil wêwayangan | panakawan têtiga sami rahayu | pan sampun minggah mring palwa | ya ta kasaput ing wêngi ||

27. panêmbahan angandika | sakathahe wau wong ing pasisir | lah wis kariya sadarum | ingsun layar manêngah | sun jagani mungsuh kang mêtu ing laut | anulya sigra alayar | sakêdhap datan kaèksi ||

--- [154] 234 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 35 dari 53

28. Panêmbahan Purubaya | pan abanjur sêdya marang Matawis | ri sampun akarya tatu | akarya gara-gara | wong Kumpêni manahe sangsaya kukut | saksana mêndhung katingal | gumuruh dipun bêdhili ||

29. dandananira mèh têlas | obat mimis samana sampun tipis | warnanên kang anèng kidul | Tumênggung Baurêksa | anrangbaya padha saking bitingipun | sakathahe wong Ngastina | prasami anglanggar biting ||

30. Walănda mimise têlas | apan têlas salir prabuting jurit | mimisnya dikum ing uyuh | kinuthah lawan berak | kang sawênèh gajih cèlèng wêdhakipun | Kumpêni sampun uninga | wong Jawa angitêr biting ||

31. anulya dandan sadaya | wus malatar mriyême dèn sulêdi | gurnada gurnat myang êbum | swaranira lir gêlap | ywa wong Jawa kang katiban kabur-kabur | Ki Tumênggung Baurêksa | samana sampun akanin ||

32. katiban mimis sêsawat | pupunira tugêl manguwir-uwir | wong pasisir kathah lampus | mimis pan kadi jawah | wong Kumpêni mimise kêdhik kang kantun | watara kari sadina | datan duwe malih-malih ||

33. bitingira sampun bubar | wong pasisir manahe kêtir-kêtir | ya ta kasaput ing dalu | wong cilik kathah minggat | samya mulih akèh amora ing dalu | wau Dipati Madura | arsa ngawaki pribadi ||

34. kadang kadeyan sadaya | wus pinêpak sadaya pan tinari | pan ingsun arsa angamuk | kuthane Si Walănda | ngong unggahi pan arsa sun amuk purun | lah padha asêsucia | payo padha

--- [155] 235 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 36 dari 53

mati sabil ||

35. prasamya matur sandika | kang santana lawan kang bala mantri | asanggup barênga lêbur | enjange kawarnaa | Ki Mandura samana pan sampun mêtu | sigra tangara kang bala | bêndhene ngungkung tiniti ||

36. Walănda sampun mêlatar | bêdhilira pan sampun dèn isèni | berak dèn wor mimisipun | Ki Mandura wus mangsah | pra santana balanira sarêng nêmpuh | Kumpêni pan kagegeran | bêdhile wus dèn sumêdi ||

37. swarane bêdhil lir gêlap | kang pratala lindhu bah gonjang-ganjing | wong Mataram akèh lampus | kang sawênèh aniba | nulya tangi kang tiba banjur lumayu | sawênèh ana kang sêmpal | baune manguwir-uwir ||

38. kang sawênèh kaprawasa | janggut sêmpal baune rontang-ranting | sawênèh pupunya putung | ingkang kêna sêsawat | kang sawênèh ana tugêl gulonipun | sirahe pan galundhungan | tan ana tawa ing mimis ||

39. sawênèh bêdhile kontal | nulya tangi umangsah ngamuk malih | Ki Mandura pêrangipun | mimis kadi parada | yèn alèrèn nulya ingusapan sampun | anulya mangsah ing rana | wus parêk kalawan biting ||

40. wong Walănda kagegeran | mimis êntèk tinja kinarya mimis | gènnya ngisèni kasusu | tan anganti wêwadhah | têpiyone kinarya cêcidhuk tablun | sawênèh sinendhok tangan | wênèh cinorok kulambi ||

41. apan sampun binêdhilan | Ki Mandura sampun cakêt lan biting | swaraning bêdhil gumrudug | tambure brang-brangan |[31] pan sênapan kadi garojogan sèwu | pêtêng kukusing sandawa | salomprèt pating jalêrit ||

--- [156] 236 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 37 dari 53

42. wong Mandura akèh pêjah | ingkang têguh prasamya wuru tai | sawênèh awak gêluprut | sawênèh gulagêpan | prajurite sadaya akathah wuru | wênèh mutah bêlateran | tan kobêr umangsah jurit ||

43. Pangeran Madura sayah | undurira prasami wuru tai | Ki Madura mungur-mungur | sadaya mutah-mutah | pra santana watara kari rongpuluh | wadya cilik sampun têkas | kang urip tan bisa tangi ||

44. samya banjur mring bangawan | samya adus busana dèn kumbahi | prasamya asalin sampun | mulih mring pasanggrahan | Ki Mandura balanipun kathah rêmpu | pan maksih samya sudira | pan asêdya ngrangsang malih ||

45. Walănda wus kagegeran | panggêdhene akèh kang padha mati | kapitan papat kang lampus | litnangipung sakawan | alpèrèse ingkang mati kalih puluh | Kumpênine sabrêgada | kang kari sama[32] atingtrim ||

46. dandananira wus têlas | mimis obat apan nora na kari | manahira eyang-eyung | nêdya pêjah kewala | mung taine kang kinarya mimisipun | sumêdya lêbur sadaya | nora nêdya dèn unduri ||

28. Durma

1. ênêngêna kang tugur nèng pan Jakarta | kucap Sultan Matawis | lagya siniwaka | pêpak kang wadyabala | para santana wus nangkil | Pangran Purbaya | samana lagya prapti ||

2. sampun seba dhumatêng sri naranata | anulya matur aris | kawula sang nata | andika kèn lumampah | anjangkungi ing ajurit | dhatêng Jakarta | sampun ulun lampahi ||

3. sampun karya

--- [157] 237 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 38 dari 53

tilar tilas gara-gara | pun Kumpêni atintrim | wadya jêngandika | wong pasisir sadaya | kathah rusak kathah mati | pun Baurêksa | wartanipun akanin ||

4. pun Madura sampun ngawaki priyăngga | tumpês balanirèki | anak putunira | sampun akathah pêjah | pun Madura ngrangsang biting | Kyai Madura | kondure dening tai ||

5. pun Walănda obat mimise wus têlas | tinja kinarya mimis | têlas kedahira | asêdya têtumpêsan | manahira sampun gigrih | yèn bantonana | baris saking Matawis ||

6. pasthi bêdhahipun nagari Jakarta | ing mangke kadospundi | ing karsa sang nata | botên si yèn awona | apênêt lan wong Walandi | sri naranata | nulya ngandika aris ||

7. inggih uwa Purubaya karsaningwang | sun kèn mundur kang jurit | lah ta wong Mataram | ing benjang wruhanira | ing sapungkur-pungkur mami | nak putuning wang | yèn lunga sing Matawis ||

8. wong Kumpêni ingkang têtulung ing benjang | hèh wong gandhèk dèn anglis | lan Singanagara | lah sira timbalana | kang anèng Jakarta jurit | Ki Baurêksa | uwisna padha mangkin ||

9. Si Madura aja mulih mring Mataram | prênahna anèng Kali- | wungu dèn gonana | uwis sira mangkata | utusan wus nêmbah pamit | nulya lumampah | tan kawarna ing margi ||

10. wus alayar sampun têka ing Jakarta | nulya sira kapanggih | lawan Ki Madura | anulya tinimbalan | kinèn mundura kang

--- [158] 238 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 39 dari 53

jurit | gih jêngandika | wontêna Lèpèntangi ||

11. Ki Madura garjita ing manahira | angrasa lamun sisip | sigra nulya bubar | sampun anitih palwa | Baurêksa dèn suduki | kala samana | wong pasisir atintrim ||

12. sampun bubar wadya pasisir sadaya | Walănda aningali | langkung sukanira | sampun angrasa gêsang | wus angrasa wong Kumpêni | yèn kangjêng sultan | kang asru angalimi ||

13. pira-pira sukanira wong Walănda | wus olih rêmbug bêcik | tan anyana mênang | dandanane wus têlas | marmane sira nusuli | marang Mataram | ngaturi bulubêkti ||

14. kawarnaa Ki Madura sampun prapta | wontên ing Lèpèntangi | sanak putunira | langkung kawêlasarsa | saundurira ing jurit | saking Jakarta | samana dèn babadi ||

15. wong apêrang anatasi buta tala 1571 | iku sangkalanèki | Pangeran Madura | pan sampun pinêjahan | nênggih wontên Lèpèntangi | wus ing astana | nèng Kaliwungu nênggih ||

16. tan winarna duk samana laminira | sang nata ing Matawis | enjang siniwaka | pêpak kang wadyabala | mantri gung-agung sumiwi | para santana | kabèh samya anangkil ||

17. angandika sang nata ing arinira | Pangeran Adipati | Salarong namanya | lah sira amintara | anindhihana prajurit | wadya Mataram | adunên ing ajurit ||

18. ing Blambangan pan iku sira bêdhaha | lawan Pringgalayèki | paniku ngiringa | marang mring kakangira | wadyabala [wadya...]

--- [159] 239 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 40 dari 53

[...bala] ing Matawis | sira adua | yèn ana wong ngalangi ||

19. patènana sira gawea tongtonan | pan ingsun anggawani | jêjênênging yuda | gandhèk pan sanakira | Padurêksa wastanèki | anake paman | Pringgalaya sumêndhi ||

20. iku iya ingong karya angganingwang | kalawan ya si adhi | basanana kakang | lawan Si Padurêksa | pan iku sêsulih mami | sun karya tingal | sisipe wong Matawis ||

21. apan uwis padha sira pradandana | sêsikêping ajurit | lawan wêkas ingwang | yèn mênang yudanira | Bêlambangan yèn kalindhih | lah boyongana | aja na kari siji ||

22. dina Soma adhi lah sira mangkata | kang rayi awotsari | sang nata gya jêngkar | saking ing panangkilan | malêbêt ing kênyapuri | ngiring badhaya | sêlir pan para cèthi ||

23. ingkang sowan prasami bubar sadaya | sampun arakit baris | wong măncanagara | pan sampun ingutusan | lan kinèn saosa sami | gêgamanira | sakapraboning jurit ||

24. tan kawarna laminya têka sadaya | sigra miyos tinangkil | pêpak kang punggawa | mantri lan sinatriya | miwah Pangeran Dipati | Salarong prapta | kalihan ingkang rayi ||

25. kang awasta Adipati Pringgalaya | putranipun kêkalih | kang amilu yuda | sampun pêpak sadaya | miwah ingkang para mantri | gêgamanira | ngalun-alun abaris ||

26. angandika sri narendra ing Mataram [Matara...]

--- [160] 240 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 41 dari 53

[...m] | bubarna kang abaris | lah ta adhi poma | sira pan dèn prayitna | kang rayi matur wotsari | anulya budhal | miwah kang para mantri ||

27. wus lumampah gêgaman agêng gumêrah | prapta jabaning taji | andhèr ambêlabar | tan kawarna ing marga | pan sampun praptèng Kêdhiri | măncanagara | wau ingkang dèn anti ||

28. Jagaraga Kaduwang lawan Magêtan | Madiun sampun prapti | miwah Pranaraga | Caruban Kêrtasana | Kalangbrèt lawan ing Rati | Srêngat Balitar | sadaya sampun prapti ||

29. Garobogan Balora lawan ing Jêpang | Sêsela lagya prapti | wong pasisir kiwa | kang milu angluruga | ing Lasêm lawan ing Pathi | Sadayu Tuban | Nglamongan lan Garêsik ||

30. Surabaya kalawan ing wong Madura | sadaya samya kêrig | miwah Wirasaba | Pasuruan ing Malang | punika sampun prajangji | ing Pasêdhahan | pakumpulaning baris ||

31. sampun bubar saking nagari ing Daha | datan kawarnèng margi | praptèng Pasuruan | pan sampun tata-tata | wong pasisir sampun prapti | măncanagara | sami amêpak baris ||

32. sampun bubar gêgaman prapta Lumajang | nanging maksih lumaris | wau sampun prapta | watêsing Bêlambangan | arêrêb anata baris | sampun kawarta | misuwur ing wong Bali ||

33. Bêlambangan andina gègèr puyêngan | wus putusan lumaris | maring Bali ika | pan sampun binantonan | wong Bali kang bêcik-bêcik [bêcik-bê...]

--- [161] 241 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 42 dari 53

[...cik] | kang tau tatag | angalahkên nagari ||

34. panggêdhene kêkalih winarna |[33] wastane kang sawiji | Dewajalêngkara | wastane kang satunggal | pun Dewatung wastanèki | sami prakosa | dêdêgnya agêng inggil ||

35. prajurite Panji Balèlèng wastanya | Ki Panji Macankuning | pamuknya akathah | wau datan kawarna | ing Balambangan wus prapti | atatan-tatan | sami anata baris ||

36. Ki Dipati Balambangan kawarnaa | putranipun kêkalih | wasta Ki Mas Kêmbar | kinèn atunggu pura | wus bubar saking nagari | pan sampun prapta | tapêl watês ing pinggir ||

37. sampun pêthuk sami anawang-winawang | kalawan wong Matawis | pan sami prayitna | sami nata gêgaman | prajurite amiranti | bêdhil pinasang | obat kalawan mimis ||

38. ingkang dadi gêgunungan miwah dhadha | Pangeran Adipati | Salarong punika | kang kinarya pangarsa | sêwu numbakanyar nênggih | sami prakosa | wong Bagêlèn prajurit ||

39. wong Bumija kang anèng pangawat kiwa | ing dados têtindhih |[34] Pangran Pringgalaya | miwah wadya Mataram | kang baris sampun pinalih | samya atata | miwah wadya pasisir ||

40. anèng kiwa kang têngên măncanagara | wong Bali sampun prapti | wong ing Bêlambangan | sampun ayun-ayunan | wong Mataram lan wong Bali | têngara gumrah | rame bêdhil-binêdhil ||

41. wong Mataram atarab samya amapan |

--- [162] 242 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 43 dari 53

angantêp jurit |[35] dangu bêbêdhilan | wong Bali kathah pêjah | prajurite angawaki | sigra narajang | sakathahe wong Bali ||

42. ting barêkik wong Bali sami rumakang[36] | anut kukusing bêdhil | wong ing Balambangan | tulup pangantêp upas | prasamya anakêr wani | têmpuhing yuda | lir ombak nêmpuh ardi ||

43. lindhu awor kang yuda wus salong pêjah | pangamuke wong Bali | lir banthèng kabranan | kadi sima ababal | kalangkung anginggit-inggit | wadya Mataram | prayitna anadhahi ||

44. lêmbing busur pasir tiba kadi udan | wong Mataram kèh mati | sigra anarajang | angawaki priyăngga | pangamuke wuru gêtih | para santana | sadaya aningali ||

45. Adipati Pringgalaya wus uninga | yèn kang raka ajurit | Radèn Padurêksa | anuli tinulungan | sigra mangsah tan asari | para santana | sadaya angawaki ||

46. wong Mataram tandange angamuk rampak | bêdhenira[37] tinitir | gong maguru găngsa | têtêg kaya butula | gumrudug swaraning bêdhil | swaraning surak | kadi rubuh kang langit ||

47. wus atêmpuh wong Balambangan kèh pêjah | wong Bali akèh mati | miwah wong Mataram | akèh kêni ing upas | pasêre kadya garimis | wadya Mataram | kèh bingung nora eling ||

48. pangamuke wong Bagêlèn kadi setan | wong Bali kadi bêlis | wong Bali kèh pêjah | kari apanjang tumbak | gêgaman ganjur pakulih | putung watangnya | pinancasakên [pinanca...]

--- [163] 243 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 44 dari 53

[...sakên] malih ||

49. pan wong Balambangan akèh ingkang pêjah | pêrangira kalindhih | pan sami lumajar | angungsi pamondhokan | sampun sinapih ing wêngi | wadya Mataram | kang buru samya bali ||

50. Jêng Pangeran Salorong[38] ika tumingal | balane akèh mati | kêna dening upas | nulya sira tumêdhak | kang mati dipun sipaki | waras waluya | kang kêna tumbal mimis ||

51. ênêngêna wontên ta ingkang kocapa | santana ing Matawis | anênggih kang putra | Pangeran Pringgalaya | kalangkung dados wawêri | anèng Mataram | lampahe amêmaling ||

52. wastanipun Rahadèn Wăngsakartika | pan dados maling yêkti | karyane ajinah | lan matèni têtiyang | kalangkung dadya wawêri | wadya Mataram | tan ana ingkang wani ||

53. milanipun binucal mring Pasuruan | Dyan Wăngsakartikèki | ana ing Mataram | angrêrusuhi jaman | pan sampun miyarsa warti | yèn arinira | kalih tumuta jurit ||

54. nulya mangkat anusul mring pabarisan | anjujug mring kang rayi | pinanggih rinira | Rahadèn Padurêksa | uninga nulya ngabêkti | datan anyana | kakang pinanggih ngriki ||

55. ingkang raka aris dènira ngandika | pan ingsun takon yayi | paran juritira | kang rayi aturira | kuwalahên ing ajurit | ing sanak ingwang | santana ing Matawis ||

56. angur ingsun matia anèng paprangan | sun amuke ing wêngi | yayi mungsuhira | Bali lan Balambangan | dening sira sun bubuhi | lamun raina |

--- [164] 244 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 45 dari 53

sira ngamuka yayi ||

57. sampun rêmbug kang rayi lawan kang raka | ingkang raka apamit | kang rayi tur sêmbah | kula botên tumuta | kang raka ngandika aris | lah yayi aja | dudu sabannya yayi ||

58. pan wus mangkat Rahadyan Wăngsakartika | sampun prapta ing biting | nulya linumpatan | wus malêbêt samana | anulya dèn amuk wani | wong Balambangan | gègèripun sawêngi ||

59. apuyêngan wong biting asalin tumbak | lawan batur pribadi | wong Bali kèh pêjah | miwah wong Balambangan | kang ngamuk datan kaèksi | bangun raina | anulya dèn unduri ||

60. nanging maksih gègère taha-tinaha | malah tumêkèng enjing | pan sampun raina | nulya nata gêgaman | akarsa apulih gêtih | liwung ing nala | bature akèh mati ||

61. sigra mangsah wong Mataram wus uninga | apan sampun miranti | nulya têmpuh ing prang | wong Bali lan wong Jawa | bêdhilira sarêng muni | lir pendah gêlap | bêdhil gêng-agêng muni ||

62. lêbu mlêtuk malêdug wanara galak | bumi agonjang-ganjing | Radèn Padurêksa | angamuk mring payudan | pangamuke mobat-mabit | numbak anigas | wangke sungsun atindhih ||

63. mayit Bali lan mayit ing Balambangan | lan mayit ing Matawis | pan tumpang-tinumpang | wong aprang kathah pêjah | wong Balambangan kèh miris | tatane rusak | wus bubrah bosah-basih ||

64. Radèn Padurêksa tandange lir sima | sinosog ing wong Bali | pan nora rinasa | lir pendah panjang putra | sinosog ing roning pari | wong Balambangan | pêrange wus kalindhih ||

--- [165] 245 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 46 dari 53

65. lir andaka tandange Ki Padurêksa | sarira kuthah gêtih | panganggone basah | wong Bali sampun bubar | ya ta kasaput ing wêngi | mundur kang yuda | sakèhing wong Matawis ||

66. wong Kabalèn Balambangan sampun susah | manahira atintrim | prang raina kalah | kathah longe kang pêjah | yèn wêngi dipun amuki | akathah pêjah | gègèr sawêngi-wêngi ||

67. kang anama Rahadyan Wăngsakartika | pangamuke ing wêngi | Radèn Padurêksa | pangamuke raina | mila wong Bali atintrim | wong Balambangan | pan sami alolosi ||

68. prajurite samana akathah pêjah | gagêdhene wus mati | iya kalih pisan | wong Bali sampun têlas | kang urip pan samya mulih | wong Balambangan | bubarira ing wêngi ||

69. wus raina wong Mataram pan tumingal | yèn wus bubar kang baris | nulya atangara | angajak ngrangsang kitha | karsane ambêboyongi | sampun lumampah | wong cilik jêjarahi ||

70. Ki Mas Kêmbar samana sampun kapêcak | anulya dèn cêkêli | pan sampun binasta | wong cilik binêdholan | wong dalêm wus dèn boyongi | yèn ana băngga | wasisan dèn patèni ||

71. Balambangan sadaya angursi[39] arga | ajar kang dipun ungsi | wastane kang ajar | Ajar Salokantara | wong Mataram kang nututi | akathah pêjah | dèn amuk tan apulih ||

72. pan wus katur mring Pangeran Salarongan | sigra kinèn ngunggahi | kang para prawira | anulya ingunggahan | samya marambat manginggil | wong Balambangan | pan sampun dèn tumbaki ||

--- [166] 246 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 47 dari 53

73. Kyai Ajar Salokatara[40] kapêdhak | nulya cinêkêl wani | pan sampun binêkta | marang ing pasanggrahan | ingaturakên ing gusti | Ajar Saloka | jêjêr tan arsa linggih ||

74. Adipati Pringgalaya panasbaran | ki ajar dèn parani | jinêglong angrêmpah | ajar sampun asila | Ki Pringgalaya linarik[41] | yèn angucapa | wong iki liwat luwih ||

75. Jêng Pangeran Salarong asru ngandika | lah sira ki wêwasi | dahwèn lakunira | angukuhi ing mêngsah | mêngko sira sun patèni | ajar angucap | pan nora sun gingsiri ||

76. taha ingsun atapa salah wêweka | apan ingsun dèn ungsi | amapag ing pêrang | pan karsane priyăngga | dening sun tumêkèng pati | măngsa bakala | wus karsa Hyang Pramêsthi ||

77. mapan ingsun benjang amalês ing sira | yèn ana ratu lêwih | gèthèk baun kiwa | iku sira antia | adipati asru angling | kacarewetan | anulya dèn patèni ||

78. kae Ajar Salokantara wus pêjah | binuncang ingkang jisim | sami kagawokan | sakèhe wong Mataram | Dipati Salarong angling | akèn tangara | bubarêna kang baris ||

79. Balambangan lanang wadon binoyongan | siji tan ana kari | miwah Ki Mas Kêmbar | binakta mring Mataram | saksana bubar kang baris | wong bêboyongan | linampahakên dhingin ||

80. tan cinutur[42] lêlampahaning carita | sampun praptèng Matawis | prasami aseba | dhatêng ing pagêlaran | sri bupati sampun mijil | prapta sadaya | kang raya[43] awotsari [a...]

--- [167] 247 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 48 dari 53

[...wotsari] ||

81. ulihêna mring nagara Balambangan | ngayumana kang kari | nandhanga upata | yèn balila maringwang | apan anêmua bêcik | wus ingupatan | ingatêrakên mulih ||

82. sigra bubar sri narendra siniwaka | kandhêg ing srimanganti | gandhèk saradula | tinimbalan wus prapta | anulya dipun takèni | solahing yuda | sadaya dipun titi ||

83. saradula umatur sarwi anêmbah | kawula nuwun gusti | pan rayi paduka | tangkêpipun awignya | sarêng rusaking ajurit | Ki Padurêksa | angawaki pribadi ||

84. pangamuke anglir mong tan antuk măngsa | braja tan anêdhasi | wong Bali kapêdhak | wontên sadulurira | kang mangsah ngamuk ing wêngi | Wăngsakartika | wastanipun anênggih ||

85. pan karuhun putranipun Pringgalaya | ingkang dados wawêri | gih paduka bucal | dhatêng ing Pasêdhahan | punika ingkang ajurit | wong Balambangan | kawonipun ing wêngi ||

86. saradula têlas ature sadaya | jêngkar sri narapati | kundur angadhatyan | tan winarna samana | sampuning alami-lami | ing dina Soma | sang nata sigra mijil ||

29. Mijil

1. wus angrasuk kaprabon narpati | abusana kaot | wus apaès lir hyang-hyang baguse | singa mulat padha lênglêng brangti | duk miyos tinangkil | upacara mêthuk ||

2. wus lumampah ngarsaning narpati | caratan paidon | prangmêdani panjrah pawohane | wohing jênggi wuri sawunggaling | banyakdhalang kari | kandhaga sumusul ||

3. orêg kabèh sagung ingkang nangkil | sadaya samyanon [sa...]

--- [168] 248 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 49 dari 53

[...myanon] | sri narendra adi busanane | angluwihi sagung ingkang nangkil | sakèhing pra mantri | jrih mulat tumungkul ||

4. lyan anaa wadyanya nyamèni | busananing katong | gya kinèn ngudurakên[44] kancane | sarywa ngliningan tan crah prayogi | undurna aririh | prasami lumayu ||

5. wusnya salin nulya wangsul nangkil | warnanên sang katong | wus pinarêk ing singasanane | asung cipta mring sakèhing mantri | sakèh wadya ajrih | lungguhe tumungkul ||

6. datan ana swaraning kumrisik | miwah kang kêkayon | datan ana obah sakathahe | saking paksi tan ana kumlisik | kêmasan lan gêndhing | myang kang manuk êngkuk ||

7. amung punika kapirsa muni | pinirsa dening wong | langkung rêsming kapirsa swarane | wus adangu sira sri bupati | dènira tinangkil | ngandika sang prabu ||

8. amariksa kathahe prajurit | Bêlambangan kang wong | sapa ingkang amojok jurite | sami matur sakathahe mantri | anênggih rumiyin | kang rosa prangipun ||

9. anandhahi pangamuking Bali | jajênêng sang katong | Padurêksa punika wastane | wontên sadhèrèkipun satunggil | angamuk ing wêngi | langkung sêktinipun ||

10. pun Wăngsakartika wastanèki | ngandika sang katong | iku sapa mangkono arane | dening ingsun durung wruh ing nguni | sigra awotsari | kang dinangu matur ||

11. nênggih nakipun paman sang aji | Pringgalaya kang wong | ingkang dumadya wawêri rajèng | nênggih ngriki ingkang anglampahi | malingi [maling...]

--- [169] 249 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 50 dari 53

[...i] sang aji | karuhun tinundhung ||

12. angandika wau sri bupati | sakèhing sanak ngong | lamun nora ana pakewuhe | nglakonana lara lawan pati | yèn ana kang jurit | iku kang angamuk ||

13. mara timbalana dipun aglis | sêbaa maring ngong | lawan sira Padurêksa mangke | ingsun junjung kaki adipati | Têpasana adi | iku lungguhipun ||

14. ajajara lan santana mami | sèwu kang lêlunggoh | pra santana angèstrèni kabèh | sigra jêngkar sang nata tinangkil | malêbêt jro puri | pra garwa amêthuk ||

15. tan kawarna laminya ing mangkin | midhangêt sang katong | ing Sumêndhang Ngukur pambalike | langkung duka wau sri bupati | wus mijil tinangkil | wau gung supênuh ||

16. para mantri wus angudanèni | yèn duka sang katong | mukanira konjêm siti kabèh | langkung ajrih mulat ing narpati | tan ana kumlisik | prasami tumungkul ||

17. èsmu duka sang nata dèrèng ngling | dhumatêng punang wong | ing Sumêndhang Angukur wartine | kang katur mring sun mêngko ambalik | gêcêkên tumuli | lan nagara Ngukur ||

18. Si Tumênggung Singaranu aglis | lan sabalanya wong | lurugana ing Ngukur dèn age | lan tumpêsên sakathahing jalmi | sok lananga ugi | aywana kang kantun ||

19. wong bumija iridên dèn aglis | numbakanyar kang wong | lan wong sèwu iku sakancane | iya adunên kabèh ajurit | lawan wong pasisir | milua anglurug ||

--- [170] 250 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 51 dari 53

20. para mantri kang kinon wotsari | ngandika sang katong | lamun kalah wong Ngukur jurite | lah tumpêsên kabèh ywa na kari | kang kinèn tur pamit | lèngsèr nêmbah mundur ||

21. wus lumampah sakathahing mantri | wong Bagêlèn kulon | wong Bumija mijil gêgamane | wong pasisir sampun dèn utusi | prasami ajangji | Banyumas akumpul ||

22. tan kawarna pan sampun apanggih | gêgaman agolong | ing Banyumas gone kumpul kabèh | wus arêmbag bubar para mantri | tan kawarnèng margi | wus prapta ing Ngukur ||

23. wong pasisir êlor dèn barisi | wong Banyumas kulon | wong Bagêlèn kidul ing barise | wong Bumija wetan dènnya baris | wus amêtu jurit | kuthane kinêpung ||

24. wong desane sami dèn boyongi | kang lanang punang wong | pinatenan kabèh lan bocahe | arsa angamuk datan kuwawi | wong jro kitha tintrim | pan sami akuru ||

25. wus agilig sagung wong Matawis | ngrangsang kutha kang wong | miwah para bupatine kabèh | sigra kinèn têngaraning jurit | gêgaman wus mijil | sarêng angkatipun ||

26. wong jro pura kabèh sami nangis | gègèr jaga awor | bupatine wus cilik atine | prajurite tan kênèng tinari | uwus ngrasa mati | budine anglunthung ||

27. wong Mataram samya anglêbêti | wong jro kutha riyon |

--- [171] 251 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 52 dari 53

ingkang wani arêmpêg ature | sigra mangsah anêmpuh ing jurit | nulya anglêbêti | wong kutha tinêmpuh ||

28. Adipati Sumêndhang wus kêni | binêsta binoyong | wong wadone wus tinawan kabèh | gêdhe cilik datan ana kari | wus binêkta mijil | tangisira umyung ||

29. wong ing Ngungkur ingkang dèn gendholi | cacah sèwu ingkang wong |[45] sampun bubar kabèh ing barise | tan kawarna lampahirèng margi | wus praptèng Matawis | katur ing sang prabu ||

30. yèn ing Ngukur sampun kawon jurit | wongipun kaboyong | sampun tapis kabèh wong lanange | langkung suka wau sri bupati | tan winarnèng kawi | anênggih winuwus ||

31. kala kangjêng sultan acangkrami | midêr-midêr kêbon | saampilan tlêmpak landheyane | kajêng wrêgu kampil ing wadyèstri | nèng kêbon pan asri | buron wana agung ||

32. sapraptane kakêbonan asri | jêng sultan amanggoh | kidang jalêr kalangkung galake | iku kalangênaning narpati | kidang umulat ing | sultan gya tinêmpuh ||

33. kangjêng sultan wus prayitnèng wèsthi | ampilan kang waos | wus ingagêm talêmpak ngastane | kidang nandêr sultan anadhahi | andhêman ngênèni | raina sumêmbur ||

34. nanging kidang asru pambantêring | anêmpuh sang katong | tlêmpak wrêgu sangêt mantêlunge | krana kidang prapta nèng ing ngarsi | malah sultan kongsi | kagêyor kang pupu ||

35. nanging datan karaos kang wêntis | panggayoring buron | saking jêng sultan dahat têguhe |

--- [172] 252 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29): Citra 53 dari 53

dadya tan pasah wêntis kang busik | wusing kidang mati | sultan ngandika rum ||

36. iya sakèhe nak putu mami | ing sawuriningong | aywa ana nganggo landheyane | wrêgu apan iku nêniwasi | sigêgên sang aji | dyan malih winuwus ||

37. kangjêng sultan jênêngira aji | kadhatone roro | ing Sagara Kidul satunggile | Nyai Kidul kagarwa narpati | mila sri bupati | kalih puranipun ||

38. Nyai Kidul mapan iku pêri | parayangan katong | nora suka pan dudu jatine | mapan mijil saking manungsèki | putraning narpati | ingkang asêsunu ||

39. duk kapanggih putra ingkang brangti | sarêng mulat kang wong | sarêng korud putra lan putrine | saking karsaning Hyang Kang Linuwih | rasanya anunggil | dadya Nyai Kidul ||

40. kangjêng sultan arsa acangkrami | bubaring kadhaton | Pamancingan samana jujuge | sampun prapta têpining jaladri | sakathahe pêri | prasami amêthuk ||

41. Nyai Rara pan sampun lumaris | amêthuk sang katong | êjim pèri padha ngiring kabèh | anampani caraka narpati | sang nata kinanthi | dening Nyai Kidul ||

 


gundam-gundam. (kembali)
Seharusnya halaman 120 dan seterusnya. (kembali)
Kurang satu suku kata: lare alit pan samya alit. (kembali)
andangu. (kembali)
sitinggil (dan ditempat lain). (kembali)
Biasanya guru lagu a: Kapêdhak. (kembali)
Lebih satu suku kata: sami kinèn adandan. (kembali)
pakênira. (kembali)
Lebih satu suku kata: saprayoginipun. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: wus katur sang nata age. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: ucula ing êmbanan. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: sakathahe kang adoh ing Jawi. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: angalahakèh ing prang. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: inggih kawula mirsa. (kembali)
15 anulya. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: apan sami matur sarwi anangis. (kembali)
17 klambinipun. (kembali)
18 Wandhan. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: lah ta êndi lakinira. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: nanging pangrasaningsun nora amulih. (kembali)
21 Kurang dua suku kata: ênêngêna ing wong Walandi. (kembali)
22 Lebih satu suku kata: Singsingan ngong tantun. (kembali)
23 Lebi satu suku kata: bupati ngandika rum. (kembali)
24 mêdali. (kembali)
25 gumêr. (kembali)
26 litnan (dang ditempat lain). (kembali)
27 kèndêli. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: ingkang anama kapitan Bèlêm Wisdrus. (kembali)
29 sampun. (kembali)
30 umangsah. (kembali)
31 Kurang satu suku kata: tambure brang-êbrangan. (kembali)
32 sami. (kembali)
33 Kurang dua suku kata: panggêdhene pan kêkalih kang winarna. (kembali)
34 Kurang satu suku kata: ingkang dados têtindhih. (kembali)
35 Kurag dua suku kata: samya angantêp jurit. (kembali)
36 rumangkang. (kembali)
37 bêndhenira. (kembali)
38 Salarong. (kembali)
39 angungsi. (kembali)
40 Salokantara. (kembali)
41 tinarik. (kembali)
42 cinatur. (kembali)
43 raka. (kembali)
44 ngundurakên. (kembali)
45 Lebih satu suku kata: cacah sèwu kang wong. (kembali)