21. Dhandhanggula

1 sang juwita alara anangis | Alap-alap tan wani marêka | pan maksih têbih prênahe | sakèh wong dalêmipun | samya nangis pating jalêrit | ana kang niba-niba | sinjangnya kagulung | tan etang supe kagungan | wênèh nglingkab tapihya dumugi kuping | pijêr supe karuna ||

2 kang sawênèh nangis niba tangi | gudam-gudam[1] sambat rama biyang | gene sun lagi antuk sèh | tinilar marang kakung | ana ingkang nangisi nyai | cinêthot sarwi ngucap | sira durung tutug | lagya olih sih sadhela | wêkasane sira tinilar ngêmasi | dhapure acilaka ||

3 para sêlir sangêt dènnya nangis | gêgulungan ing saparanira | kagulung sumur sirahe | nuju sat sumuripun | pan kajungkêl sirah nèng siti | brahalane

--- [120] [200][2] ---

anglela | gumêbyar lir bêruk | wong Mataram kang tumingal | amancêrêng lir kucing mulat cacindhil | anuli tinulungan ||

4 wontên inya wau kang satunggil | angangên-angên sajroning nala | kaya priye wêkasane | agung sami anuhun | wong saiki kandhêga tangis | ingsun mangsi wurunga | binoyong ing besuk | ni inya aris angucap | mring Tumênggung Alap-alap ing Matawis | ni inya matur nêmbah ||

5 ki tumênggung mangke kadipundi | renandika gusti ing Santênan | lah kadipundi ing mangke | Alap-alap amuwus | alah nyai kadi punapi | ing rena jêngandika | kawula tan purun | yèn kawula masesoa | yakti ajrih kawula dhatêng sang aji | pamothah ratu êmas ||

6 nikèn inya wuwuse amanis | lah kiyai joli pêkênira | linêbokna pan dèn age | mangke kawula matur | sun ririhe sang rajaputri | manawi kenging lêjar | dening atur ingsun | sigra ni êmban lumampah | sampun prapta ngarsane sang rajaputri | rada kapara ngarsa ||

7 solahira Lap-alap kapati | nikèn inya andheprok nèng lêmah | mêlasasih ing ature | dhuh nyawa gustiningsun | lah kèndêla [kè...]

--- [121] [201] ---

[...ndêla] gusti kariyin | punapa ingkang wêkas | tansah agung wuyung | dawêg gusti linampahan | wus wiyahe wong lanang mati ngajurit | wong wadon dadi tawan ||

8. sang suputri tan kandhêg anangis | lara-lara gènira karuna | wong jro pura nangis kabèh | inya tan kandhêg matur | sênggruk-sênggruk bari anangis | dhuh gustiku mas nyawa | mindêla karuhun | inggih manuta priyôngga | sampun kongsi ginêpok wadya Matawis | gusti dados punapa ||

9. nikèn inya asru jêlah-jêlih | lah mênênga wong sadalêm pura | pan aja ngrundah atine | pan gusti lagi liwung | têka padha anjurung tangis | balik padha dandana | lang-olanga sangu | lah sira môngsa wurunga | dipun bêdhol binoyong wadya Matawis | payo pan linampahan ||

10. sang juwita manahe wus gigrig | pan lagi mingsêk-mingsêk kewala | ni êmban tumulya age | pinondhong sang dyah ayu | nuli munggah dhumatêng joli | para garwa sadaya | jinoli tinandhu | wong dalêm prasami mêdal | cinawisan tandhu wus sami anitih | wênèh nunggang têtundhan ||

11. sakathahe rabining priyayi | sampun sami tinandhu sadaya | wus bubar king nagarane | sadaya

--- [122] [202] ---

nangis umyung | lare alit samya alit[3] | ana kang jaluk sêga | wênèh jaluk banyu | jaluk susu nyang dodolan | pan kathah bêboyongan saking ing Pathi | lir pendah wong angarak ||

12. tandhu joli andulur pan asri | jajarane asri tiningalan | tumbak benang nèng ngarsane | langkung pangrêsanipun | magêrsari para prajurit | kocapa sri narendra | wus bubar karuhun | apan wus praptèng Mataram | sri narendra anggêganjar sakèh mantri | miwah para santana ||

13. duk bêdhahe nagara ing Pathi | sinêngkalan sirnaning pandhita | tinata ratu babade 1570 | samana sang aprabu | pan adangu[4] sang rajaputri | purwane lakinira | ing pambalikipun | katur yèn pun Endranata | kang ngadoni kang botên agawe bêcik | sang nata asru duka ||

14. duk samana sira sri bupati | sampun miyos wau siniwaka | pan kandhêg satinggil[5] bae | pinarak sitisulur | Martalulut kang dèn timbali | lan Ki Singanagara | ngandika sang prabu | Martalulut Singapraja | sundukana Si Endranata dèn mati | ana ing pagêlaran ||

15. wadya Mataram pan sami ajrih | aningali dukanira sultan | pan sami konjêm mukane [mu...]

--- [123] [203] ---

[...kane] | Endranata wus lampus | Pan binêdhèl usus dèn ambil | wus kinarya balabar | anèng pasar agung | sri narendya sampun jêngkar | anggadhaton sakèhe wadya Matawis | kang mati ginupita ||

16. wus mangkana ing alami-lami | sri narendra miyos siniwaka | pêpak wadyabala kabèh | miwah santananipun | Panêmbahan Purubayèki | kang tansah munggwing ngarsa | punika tinantun | kanjêng sultan angandika | lah ta uwa Purubaya kadipundi | prakawis Surapringga ||

17. ingkang rama wartane wus lalis | ingkang kari amung anakira | Ki Mas Pêkik pêparabe | punika karsaningsun | sun boyongi marang Matawis | pan arsa uningaa | panêmbahan matur | punapa ing karsa nata | ulun inggih umiring sakarsa aji | apênêt katimbalan ||

18. tan kawarna solahirèng margi | Surabaya Pangeran Kapdhêk[6] | anèng ing padhukuhane | Ngrêrêpèh wastanipun | Alap-alap anuli prapti | andhawuhkên timbalan | kawulang ingutus | dening raka jêngandika | ing Mataram punika karsa pinanggih | kalawan jêngandika ||

19. pan andika tinimbalan aglis | mring Mataram lawan ingkang garwa | kinèn bakta sagarwane | sawiji sampun [sampu...]

--- [124] [204] ---

[...n] kantun | tan lênggana Radèn Mas Pêkik | sigra anulya dandan | sanak putunipun | Ki Alap-alap utusan | mring Tumênggung Sapanjang anuli prapti | sami kinèn adandadan[7] ||

20. angiringna mring Radèn Mas Pêkik | dèn karêksa anèng ing dêdalan | anulya adandan kabèh | sigra wus dandan sampun | Alap-alap Radèn Mas Pêkik | miwah wong Surabaya | rumêksa ing pungkur | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing dasa Butuh sira glis | angujung mring astana ||

21. pan asare ngastana sawêngi | Ki Mas Pêkik asare nèng dagan | têngah dalu ing wayahe | ana swara karungu | asung pêmut dhatêng Mas Pêkik | alah Ki Surabaya | wruhanira besuk | ing Pajang ana narendra | putunira asêtya dadi narpati | ana ing Wanakarta ||

22. kang ingaran iya Ratu Kuning | iya iku kaki putunira | kilèn ing kitha purane | kagyat sira awungu | wus raina anulya angling | mring kang tunggu ngastana | lah sira angrungu | ing swara tan katingalan | Pajang kene cinêtha ana narpati | anênggih putuningwang ||

23. ingkang aran ta Sang Ratu Kuning | kadhatone nênggih Wanakarta | Ki Kunci aris ature | Radèn Mas Pêkik matur | lah kariya kang tunggu kunci | sigra anulya bubar | tan kawarnè êdu | Ki tumênggung Alap-alap [A...]

--- [125] [205] ---

[...lap-alap] | angaturi wuninga dhatêng Matawis | matur mring sri narendra ||

24. lamun Radèn Mas Pêkik wus prapti | sri narendra miyos siniwaka | pêpak wadyabala andhèr | miwah santananipun | pêpak kabèh sami tinari | sultan aris ngandika | mring kang pinisêpuh | lah ta uwa Purubaya | kadipundi ing mangke Radèn Mas Pêkik | dhumatêng ngarsaningwang ||

25. inggih sintên kang yoga ngabêkti | lamun prapta punapa manira | ngabêktia sapatute | punapa awak ingsun | ingkang patut dèn kabêktèni | pakanira[8] rasakna | ing saprayoginipun[9] | panêmbahan sigra mojar | yèn kawula inggih ta Radèn Mas Pêkik | kang pantês ngabêktia ||

26. inggih sampun kungkulan narpati | botên wontên kawula kang nistha | pang sampun kawon kawruhe | ing mangke yêktinipun | tinimbalan dhatêng ing ngarsi | tan kuwasan lênggana | milane sang prabu | pantês punika kang nêmbah | sri narendra suka angandika aris | lêrês uwa andika ||

27. angandika sang sri narapati | ta wong gandhèk sira gêpahêna | Radèn Mas Pêkik marene | wong gandhèk awotsantun | tan adangu wus dèn timbali | sigra Ki Alap-alap | lampahe lumaju | ing alun-alun wus prapta | sigra pepe anèng sakidul waringin | kurung samya agêlar ||

28. sarayatira Radèn Mas Pêkik | pan binêkta apepe sadaya |

--- [126] [206] ---

wus katur sang nata ge[10] | pan tinimbalan sampun | ya ta prapta ngarsa narpati | Pangeran Surapringga | umarêk tumungkul | dhuwung sumèlèh ing kisma | sakalangkung ajrihira ing narpati | muka konjêm pratala ||

29. dhasar sangêt ajrih Radèn Pêkik | katanggung dening sihing narendra | datan tumênga mukane | lir surya kêmbar iku | sênênira Sultan Matawis | sakèhing wong pan merang | mangrêpa tumungkul | Adipati Surapringga | sigra matur mring Jêng Sultan ing Matawis | pêjah gêsang kawula ||

30. pan sumôngga katur paduka ji | mila botên asowan jêng sultan | tan môntra wadi gatine | dadya sawab mring ulun | dening warêg boga pêngasih | mudha dimudha dama | tan môntra ing sêmu | myang paduka naradipa | pan sinêkti de siniwi wong sabumi | anyakrawati ing rat ||

31. lwir katurunan lêlatul kadri | kadhawuhan andika sang nata | animbali gêgêbale | lir malekat tumurun | mring kawula dhawah sêjati | padhange tyas kawula | midhangêt pukulun | saandika sri narendra | langkung manis kawula dahat agipih | marêk dhatêng paduka ||

32. kangjêng sultan suka ing jro galih | amiyarsa aturing dipatya | ing Surabaya sumèlèh | jêng sultan ngandika rum | mring dipati ing Surabanggi | mila ngong sira undang | pêpanggih lan ingsun | wus pinasthi ing Hyang Suksma | patêmone [patêmo...]

--- [127] [207] ---

[...ne] lir surya kalawan sasi | sêdhênge sasadhara ||

33. wus raina sang hyang surya mijil | sapandulon prake lawan côndra | iya iku patêmone | sakêdhap sasi surup | timbangane surya lan sasi | salah siji ilanga | pêsthi jagad suwung | upama manira surya | Ratu Pêkik upama ta sira sasi | pêsthi timbangan ingwang ||

34. tanah Jawa iya ing Samawis | pêkênira yèn nora nanaa | yêkti rusak puwarane | jênêng Mataram puput | yèn tan têmu lan sira malih | sira pama sagara | pancurane ingsun | pêsthi sira nadhahana | toya agung talaga yèn tan nadhahi | yêkti puwara asat ||

35. para ingsun trêsna ingkang ati | yayi Surabaya lir êmbanan | yèn tan ana sêsotyane | dadya êmbanan suwung | mapan merang myang aningali | ucula ing ênan[11] | sirna tan kadulu | sêsotya tuwin êmbanan | cahya mancur akèh kang wong aningali | pan arsa ngêmbanana ||

36. lah Dipati Surabaya iki | sira wismaa anèng Mataram | maksiha ing kadipatèn | nagaranira iku | sun wèhakên mring sira maning | wadya ing Surabaya | ja owah ing laku | kang linggih lampit kêndhaga | apan iya maksiha linggihe lami | aywa owah kang saban ||

37. Surabaya kalawan Matawis | apan tunggal Ratu Pêkik ika | darbe nagara kêkalèh | lamine tan winuwus | adipati ing Surabanggi | pan sampun tinariman | kang rayi sang prabu | Ratu Wandhan wastanira | kang kagarwa ya marang Sang Ratu Pêkik | sampun awor asmara ||

--- [128] [208] ---

38. wus alami dènira wor rêsmi | Ratu Pêkik kalawan kang garwa | lan Ratu Wandhansarine | sultan anèng kadhatun | angandika marang ing cèthi | timbalana riningwang | Ratu Wandhansantun | matura yèn ingsun gêrah | yèn dèn wèhi nuli mentara dèn aglis | matura marang ingwang ||

39. sigra mentar punang cêthi prapti | tan asuwe ing Kasurabayan | sigra prapta ing ngarsane | Ratu Pêkik ta wau | punang cèthi pan nuli angling | kawula pan dinuta | inggih dipun utus | dhatêng raka jêngandika | kangjêng sultan nênggih kinèn animbali | dhatêng rayi sampeyan ||

40. kangjêng sultan lagya gêrah nênggih | ingkang wêling raka jêngandika | lamun si awèh lakine | lumêbu mring kadhatun | dèn tinjoa gêrahku iki | lan lakine tan suka | aywa ta lumêbu | Adipati Surabaya | têbah jaja sumôngga ing asta kalih | tan kèri lêngganaa ||

41. sigra mangkat Ratu Wandhansari | wus lumêbu sajroning kadhatyan | sigra prapta ing ngarsane | kangjêng sultan awungu | sigra Ratu ing Wandhansari | ngabêkti mring kang raka | angusapi lêbu | Ratu Wandhan atur sêmbah | kakang aji punapa sampeyan sakit | manah kula kapita ||

42. kangjêng sultan angandika aris | ariningsun luwih saking lara | pan ana ati ênggone | sun rasa saya ngranuh | ing larane kang anèng ati | dene ana pandhita | Giri durung nungkul | durung aseba maringwang | iya iku kang dadi laraning ati | tan ana têtambanya ||

43. tanah Jawa ingsun kang rêsiki | wus arata para ratu kalah | ingsun [ing...]

--- [129] [209] ---

[...sun] pêrangi kalahe | mulane Giri iku | tan sun rusak nagarèng Giri | sun kalahakèh ing prang | durung pêsthinipun | wus pinasthi Giri ika | mring pandhita kang mêsthi jayaning jurit | ngalahakêh pandhita ||

44. sakathahe kang doh ing Jawi[12] | pasthi kalah marang lakinira | wus kasoran lêluhure | Susunan Giri dangu | pan gêguru mring sang ayogi | Susunan Ngampèldênta | iku purwanipun | atapa kathah yuwana | tanah Jawa sadaya sami lumiring | angalahakèh ing aprang[13] ||

45. sigra mulih Ratu Wandhansari | sampun prapta anèng Surabayan | wus panggih lawan lakine | manêmbah ngaras suku | ing pratala Sang Ratu Pêkik | garjita ing jro nala | prapta garwanipun | anarka yèn ana karya | Adipati Surabaya wruh ing wangsit | mênêng èsmu sasmita ||

46. tan winarna laminya ing mangkin | Ratu Wandhansari sinarenan | sampun dènnya mong karêsmèn | sasampuning pulanghyun | Ratu Wandhan angling bêbisik | karsaning kangjêng sultan | wus babar maring sun | Adipati Surabaya | sigra mojar sun sêngguh nora kayèki | kang karsa kangjêng sultan ||

47. yèn wêruha kang karsa narpati | amrih rusake Giri Pandhita | pinrih ngidhapa wujude | wus kagêm ngastaningsun | pan wus anèng sêlaning driji | Pandhita ing Aldaka | ing saèstunipun | watara môngsa kalaha | umpamane lir amithês wohing ranti | pasthi kalamun bêdhah ||

48. Ratu Pêkik asru dènira ngling | mring sang rêtna manira nênêdha | ratu

--- [130] [210] ---

mas iku jatine | lah aturêna ingsun | caosêna sowan narpati | apan ta ingsun arsa | pamit ing sang prabu | kang garwa datan lênggana | sigra mangkat wus prapta ing dalêm puri | sarimbit tinimbalan ||

49. sapraptaning kalih ngarsa aji | adipati lawan Ratu Wandhan | wus ngabêkti kêkalihe | sumungkêm anèng lêbu | dêlamakan sri narapati | sang prabu angandika | kaya pa sirèku | Pandhita ing Giripura | sayêktine sun têmpuhakên sirèki | nungkule si pandhita ||

50. Ratu Pêkik umatur wotsari | paduka nata datan lênggana | nênggih atur kawulanggèr | Surabaya Sang Prabu | andhatêngna mêngsah kang sêkti | anênggih Rajèng Cina | piranti nèng gunung | wong Surabaya tan ebah | pan suwawi kalawan paduka aji | kawula pamit yuda ||

51. wontên dene rayi paduka ji | inggih botên pan kawula bêkta | katura dhatêng sang angrèh | wontêna ing kadhatun | pan wong èstri pan angribêti | botên dados dandanan | prakawis prang pupuh | botên wande dados bôndha | têmpuhing prang satêmah tan kobêr jurit | pijêr ngrawati garwa ||

52. sri narendra gumujêng saryyangling | karsaningsun yayi garwanira | para gawaa ta mangke | mapan sasêdyaningsun | rabènira sadulur mami | barênga pêjah gêsang | kalawan rabimu | wus wiyahe ing wanodya | pan kang lanang kalah ajurit ngêmasi | bojo dadya boyongan ||

53. Ratu Pêkik umatur wotsari | inggih nuwun sih paduka nata | tan lênggana ing karsane |

--- [131] [211] ---

anulya sami kondur | Ratu Pêkik lawan kang rayi | manêmbah mring suku sang | mangusapi lêbu | kangjêng sultan angandika | alah lara ta sira aja gumingsir | barênga pêjah gêsang ||

54. Adipati Surabaya aglis | sinangonan êmas myang sêlaka | arta lawan busanane | ratu mas sinung sangu | panganggone kang luwih adi | rêtna lawan kancana | artanipun agung | jêng sultan nulya andonga | salamêta yayi dènira ajurit | mênanga yudanira ||

55. atur sêmbah sira sang dipati | lan kang garwa anulya lumampah | sampun prapta ing dalême | wong Surabaya kumpul | ing wartane wus olih mulih | sigra samya adandan | sawadyane kêbut | sang dipati sampun bubar | ing Mataram kalihan lawan kang rayi | tan kawarna ing marga ||

56. sampun prapta naganirèki | Surabaya sigra atêngara | amêpak wadyabalane | sawadyanira rawuh | nulya marêk mring sang dipati | Ratu Pêkik ngandika | sagung mantrinipun | hèh sakèhing wadyaningwang | mulaningsun iki dikakake mulih | ingutus adon jaya ||

57. kinèn gêpuk nagara ing Giri | para mantri tur sêmbah sadaya | angaturakèn sanggupe | yèn sampeyan anggêpuk | dhatêng Giri mapan kacangking | gôndra pintên ing Arga | pan karoban wuwuh | wadya Surabaya kathah | wadya Giri punika amung sakêdhik | pundi margane mênang ||

58. karêp ingsun anak mas ing Giri | nanging ingsun pan [pa...]

--- [132] [212] ---

[...n] ora sun ambah | ingsun prih idhêpe bae | nungkula krana patut | wontên mantri tuwa sawiji | pan inggih kawula mirsa[14] | wartine sang wiku | pan darbe anak-anakan | Endrasena punika digdaya sêkti | arsa magut ing aprang ||

59. panggawene sang raja ing Giri | angrujuki sang ratu ing Cina | amapaga ing karsane | wadya punggawanipun | ngandêlakèn lamun patitis | juritipun Ki Cina | bêdhil agêmipun | singa kang dèn bênêrana | pan waspada wadya Cina ambêbêdhil | Rajêng Giri pracaya ||

60. angandika sira Sang Dipati | Surabaya sokur yèn Si Cina | amapaga ing yudane | môngsa mundura ingsun | mara uwis bêndhea aglis | sigra nêmbang tangara | gêgaman wus kumpul | prajurite sami prapta | sampun pêpak nèng alun-alun abaris | ginêlar salobogan ||

22. Asmarandana

1. alèlèr-lèlèr waradin | prajurit lawan prawira | anulya kinèn abêndhe | abubarêna gêgaman | panulya[15] tiningalan | gêgaman bubar gumuruh | kadi wukir kawêlagar ||

2. sigra bubar sang dipati | sakalihan ingkang garwa | anitih joli garwane | kang raka lumakwèng wuntat | nitihi kudanira | ginarêbêg wadyanipun | prajurit lumampah ngarsa ||

3. solahe lir banthèng kanin | lir singa lodra mamôngsa | anggêgilani tandange | gêgamanira balabar | lir tasik [ta...]

--- [133] [213] ---

[...sik] tanpa wêkas | datan kawarna ing ênu | wus prapta ing Argapura ||

4. hnêngêna ta rumiyin[16] | Adipati Surabaya | Rajèng Giri winiraos | wus ngaturana uninga | yèn arsa ingunggahan | mring wong Surabaya rawuh | praptane saglar sêpapan ||

5. angandika Natèng Giri | yèn mangkono wartanira | yakti saolèh-olèhe | alah payo winêtonan | prange wong Surabaya | dadia têtindhihipun | putraningsun Rajèng Cina ||

6. kawula anuwun idi | alami kularsa-arsa | damêl dalêm salamine | sampeyan dipun pracaya | dhumatêng wak kawula | pan inggih kawula purun | mungsuh ing wong Surabaya ||

7. anulya tangara aglis | pêpak ingkang wadyabala | wong Giri wus pêpak kabèh | sarta gêgamaning yuda | marbot modin sadaya | santrine wus samya kumpul | kadi kontul arêratyan ||

8. kêtib pangulu dhingini | pranan kalawan santana | Ki Cina senapatine | samya wong Cina balanya | kathahe winatara | pan ana wong kalih atus | wus manjing Islam sadaya ||

9. para santana ing Giri | sampun apêpak sadaya | pan nindhihi gêgamane | pan nulya sigra tangara | mangsah ing rananggana | sêdyane barênga ngamuk | sigra anulya umangkat ||

10. bêndhe bêdhugnya tinitir | wong Surabaya uninga |

--- [134] [214] ---

anulya nata barise | putra Cina wus amapan | sami ngagêm sanjata | kang binêdhil nora luput | wong Surabaya kèh pêjah ||

11. karsanya angidêg wani | anulya kinariyinan | wong Giri angamuk kabèh | wong Surabaya tumandang | sampun campuh ing yuda | suraknya lir gunung rubuh | santrine sami babêksan ||

12. sakathahe wadya Giri | prasami ambêk palastra | saha bala ngamuk kabèh | sinosog ing ganjur rantab | binêdhil binakolang | tan kandhêg pangamukipun | wong Surabaya kèh pjah[17] ||

13. wus bubrah tataning baris | wong Giri wus anèng têngah | pangamukira wus amor | barise pating sulayah | gustine tan karuan | wong Surabaya katawur | prajurite kèh palastra ||

14. wong Surabaya angisis | wong cilik kathah lumaywa | kang prajurit bubar kabèh | ulate wus pandirangan | datan môngga puliha | ya ta kasaput ing dalu | kang amburu sampun bubar ||

15. wong Giri wus samya bali | wangsul marang prênahira | wadya Surabaya kabèh | kang prajurit samya sowan | dhumatêng gustinira | sadaya sarêng umatur | ngaturakên pêjah gêsang ||

16. kawula tiwas ing kardi | wadya tuwan kathah pêjah | kang gêsang samya kaponte | kaburu kaponthal-ponthal | inggih tiyang Aldaka | sadaya pan samya têguh | sêdyane malêbu pêjah ||

17. putra Cina kang nindhihi | tuhu kalamun waspada | datan luput pambêdhile | wadya tuwan kathah pêjah |

--- [135] [215] ---

adipati miyarsa | ing ature abdinipun | ya ta angrês sang dipatya ||

18. manahe sampun amiring | angraos datan kawawa | tan anêdya pulèh gêtèh | Ratu Wandhan wus uninga | yèn kang raka kèwêdan | aris ing pamuwusipun | umatur dhatêng kang raka ||

19. yèn makatên kang ajurit | kawula anêdha lila | pêrange sun dandanane | kang raka gupuh ngandika | dhuh gustiningsun nyawa | ratune saliring santun | kayaparan karsanira ||

20. wadyanira maskuari | balane akèh kang pêjah | kang garwa aris ature | sok uga dika liloa | manawi ta kawula | sagêt mulihakên purun | kang raka asru ngandika ||

21. sakarsanira mas yayi | ingsun pan nora suwala | dhatêng andhèrèk kimawon | sigra anulya raina | Ratu Wandhan wus mêdal | pinarak nèng tarub agung | akalihan ingkang garwa ||

22. sineba dene ing mantri | Ratu Wandhan angandika | mring kang wadyabala kabèh | hèh wadyane lakiningwang | iki darbe manira | reyal namung wolung èwu | dumên lan wong pawingkingan ||

23. Pangkur

1. sakathahe wadyaningwang | pan sadaya wus linèlèr waradin | arta lan busana agung | sakèh prajuritira | kabèh sampun tampi ganjaran jêng ratu | pan dinum kadi rajapan | sadaya sampun waradin ||

2. sawiji datan kliwatan |

--- [136] [216] ---

sakathahe prajurit Surabanggi | Ratu Wandhan ngandika rum | lah kabèh wadyaningwang | ya sakèhe ganjaran ingsun puniku | lah padha sira gawea | angingoni anak rabi ||

3. ing besuk yèn mulih sira | praptèng ngomah aywa sira kuwatir | pan ingsun mulih ing besuk | iya maring Mataram | sami ngaturakên pjah gêsangipun[18] | yèn wus karuhan prangira | angrasa tan angundhili ||

4. sun matur ing kangjêng sultan | lamun kalah ênggènira ajurit | yèn kajodhi yêkti iku | iya ing pêrangira | pan akabèh prangira padha kaburu | pra mantri kathah kang pêjah | samawana wadya alit ||

5. sakèhing wadya prawira | apan sami tur sarwi anangis[19] | miwah pra prajurit wau | kabèh sami karuna | saha bêkti ature mring radèn ayu | dhuh gusti kamangkarannya | paduka pan darbe kardi ||

6. kawula datanpa ngrasa | yèn taksiha karya jurit puniki | kawula gusti anuhun | ing raka jêngandika | kenging botên kenginga palalu lêbur | môngsa kawula gingsira | kabèh matur kang prajurit ||

7. kawula gusti ing benjang | tandhing aprang lan putra ing Cinèki | inggih kawula dèrèng wruh | tètère pangagêngnya | wong ing Giri ing pêrange kang ginunggung | ingkang aran Endrasena | pan ingkang wasis abêdhil ||

8. datan [data...]

--- [137] [217] ---

[...n] nêdya pan gingganga | agandhènga kônca tandhing kuwanin | sawênèh ana amuwus | sikêp kawratan dona | pan gumuruh samya angajak prang pupuh | lah payo padha apêrang | mupung ingsun sugih wani ||

9. pasthi sèwu sisih ingwang | lamun nyadhang ing pêpikulan mami | sawênèh pan ana muwus | salêksa sisih ingwang | yèn wus ngangkat karanjang êmbatan ingsun | Ratu Wandhan angandika | yèn sira amangun jurit ||

10. pan ingsun karsa uninga | iya polah ingwang arêbut jodhi | kalangkung kapengin ingsun | ayun crahing ayuda | kang prajurit manêmbah sami umatur | dhuh gusti atur kawula | sampun paduka ningali ||

11. prajurit kadi gupala | tanpa ngraos yèn gusti kongsi uning | Ratu Wandhan aris muwus | hèh prajurit sadaya | wruhanira ujare lêluhur ingsun | prajurit langkung digdaya | ing Jawa tan ana tandhing ||

12. saking rama ji ing kuna | pan linêwih marmane ingsun iki | anjaluk tingkah prang pupuh | prajurite sadaya | saha bêkti ature mring gustiningsun | pan kula maksih nèng dunya | kenging tan kenginga gusti ||

13. alah iya sun tarima | muga winalêsa dening Hyang Widi | Ratu Wandhan malih muwus | mring prajurit sadaya | iya padha asingêdana puniku | manawa campuh

--- [138] [218] ---

ing yuda | dening ingsun têngarani ||

14. yèn bêdhil muni ping sapta | alah poma iya wawêkas mami | sakèhe prajurit ingsun | yèn wus kuwur ing yuda | aglis anêmpuh andon ngantêp prang pupuh | Ratu Wandhan wus lumampah | ingiring para prajurit ||

15. nèng ngiringan rada têbah | prajurite anulya dèn undhangi | Ratu Wandhan sikêpipun | sadaya sarêng prapta | nulya binusanan punang sikêp sampun | panganggo kang murub muncar | dinulu kadya prajurit ||

16. kabèh sikêp Surapringga | kulambine abra sangkêlat abrit | ana ijo kuning awungu | kang kulambi sangkêlat | kang sawênèh sora sari klabinipun[20] | sami trênggos kulukira | sarta sinondheran sami ||

17. ngajrihi yèn tiningalan | Ratu Wandhan nulya siyaga aglis | saksana umangkat sampun | wau Sang Ratu Wandhan | ingkang tansah kalawan ing kakungipun | Adipati Surabaya | lir grah swaraning wadya lit ||

18. Sang Prabu ing Giripura | apan sampun miyosi ing ajurit | bala Surabaya wau | sami apan tumingal | datan nganti tinêran têtandangipun | wong sikêp ing Surabaya | anulya pating barêkik ||

19. suraking bala lir gêrah | wong ing Surabaya malatar sami | wuninga Sang Natèng Gunung | sigra mêdali inggal |

--- [139] [219] ---

sakalihan lawan putra Cina iku | ingkang aran Endrasena | pan sampun angagêm bêdhil ||

20. saksana wong Surabaya | singa ingkang binêdhil apan kêni | nanging wong Surabayèku | datan arsa mundura | tan tinolèh kang pjah ingidak purun[21] | tandange wong Surabaya | datan nêdya angunduri ||

24. Durma

1. pan karasa pêparinge Ratu Wandhan | anêdya malês bêcik | pan pating gulibrah | sikêping Surabaya | kang ngamuk saya nêngahi | sikêp prakuswa | lir ombaking jaladri ||

2 sampun rukêt kang aprang tumbak-tinumbak | rame agênti kêris | apêdhang-pinêdhang | ana kêkanthèn asta | sawênèh bithi-binithi | putra ing Cina | ngamuk amobat-mobit ||

3. putra Cina pangamuke saya nêngah | kadi banthèng akanin | anglir sima môngsa | sing katarajang bubar | wong Surabaya tan pulih | bubar lumajar | wong Surabaya ngisis ||

4. Ratu Pandhan[22] ningali balane rusak | sigra nulya nudingi | marang balakuswa | kinèn mêtu sadaya | bêdhil sampun dèn sulêdi | muni ping sapta | prajurit angawaki ||

5. dipun lambung wong Giri saking ngiringan | nanging datan udani | bubar ting sulayah | pêpati ting jalêmprah | wong Giri bubrah angisis | putra ing Cina | kinêpung ing

--- [140] [220] ---

prajurit ||

6. putra Cina angamuk sabalanira | tandange gêgilani | apan katadhahan | Cina ngamuk sadaya | pan samya anêrêk sami | pating sulayah | prajurit akèh mati ||

7. gègèr samya wong Cina giris sadaya | arsa ngamuk awêdi | saksana lumajar | sami angungsi ngarga | kang kari padha akanin | pating sulayah | sadaya sami ngungsi ||

8. ana ingkang angungsi raja pandhita | sawênèh ngêrbut rabi | wênèh ngungsi jurang | lumayu mring sagara | ing Giri wus dèn ubêngi | barise kapang | ing Giri samya gusis ||

9. kawarnaa Adipati Surabaya | minggah dhatêng ing Giri | lawan ingkang garwa | prajurit anèng ngarsa | pinapag ana ing panti | dening wanodya | garwane sang ayogi ||

10. sami nangis garwane raja juwita | sadaya angabêkti | dhuh karsa punapa | anggèr nêdha kawula | ngapurane sang ayogi | lêhêng gêsanga | yèn kenging kula gusti ||

11. angandika Dipati ing Surabaya | hèh wanudya ing Giri | datan sêdya paran | yèn kêna ki pandhita | mulane sun têka ngriki | arsa panggiha | kalawan sang ayogi ||

12. sêdyaningsun ni mantu mring lakinira | nora ingsun patèni | yèn kêna elinga | nungkula mring Mataram | ngaturêna pati urip | pan ora nyana | kalamun mapag jurit ||

13. laminira yèn pikire atiningwang | têkaa ngarsa mami | aywa salah blila | lah mara timbalana | lan aja anggawa kêris | lah ta dèn inggal | têkaa ngarsa mami ||

--- [141] [221] ---

14. ingkang garwa sami nimbali sadaya | umarêk marang laki | prasami anêmbah | gusti atur kawula | andika dipun timbali | mring sang dipatya | Prabu ing Surabanggi ||

15. pan agêpah saure raja pandhita | anulya dandan aglis | tan mawi curiga | sampun prapta ing ngarsa | sang pandhita atur bêkti | mring sang dipatya | pandhita langkung ajrih ||

16. angandika Sang Prabu ing Surabaya | mring pandhita sirèki | paran karsanira | sira pan ingsun gawa | marang Surabaya mangkin | sira idhêpa | marang Sultan Matawis ||

17. Sang Pandhita ing Giri pan aturira | datang lênggana gusti | wus ing karsaning Hyang | paksa ing kina-kina | inggih bumi langit iki | singa gethanga | dados asmara ati ||

25. Asmarandana

1. angrês manahe dipati | ningali ing mantunira | pan sarwi ngandika alon | aywa maras atinira | sun gawa mring Mataram | asêba marang sang prabu | sarwi sira tinakonan ||

2. kawula dhatêng nglampahi | sang dipati angandika | mring wadyabalane kabèh | lah ta sira jaganana | wadya matur sadaya | yèn suwawi ta sang prabu | sang dipati pinêjahan ||

3. milanya têmah ajurit | abdi dalêm kathah pjah[23] | saking pandhita angsale | sang dipati angandika | ingsun nora winênang | amêjahi sang awiku | pan dudu bubuhan ingwang ||

4. lah ta benjing putu mami | ingkang numpês Giri ika | lah uwis dipuna age | anulya sira tandhua | pan nuli sang pandhita | binakta

--- [142] [222] ---

sarwi tinandhu | miwah sakèh para garwa ||

5. wong cilik wus dèn boyongi | sang dipati sigra bubar | datan kawarna lampahe | wus prapta ing Surabaya | watara laminira | asare mung gangsal dalu | arsa seba mring Mataram ||

6. sadaya adandan sami | sang pandhita wus binakta | pawongan ginawa kabèh | miwah ingkang rajabrana | sigra anulya bubar | datan kawarna ing ênu | wus prapta nagri Mataram ||

7. asowan wau sarimbit | malêbêt sajroning pura | kang raka kandhêg ing regol | Ratu Wandhan sampun prapta | nèng ngarsane jêng sultan | saksana pan sampun tundhuk | sumungkêm nèng padanira ||

8. sri bupati ngandika ris | lah êndi lakinira[24] | kang rayi tur asêmbahe | inggih wontên paregolan | sang nata angandika | lah timbalana dèn gupuh | malêbu ing ngarsaningwang ||

9. sampun tinimbalan aglis | tan asuwe sigra prapta | sumungkêm pada sang katong | ingandikan sigra nêmbah | matur saha wotskar[25] | kawula paduka utus | anggêcêk ing Giripura ||

10. raja pandhita kalindhih | punika kawula bakta | saha garwanipun kabèh | myang sarajabrananira | mangke atur kawula | katura dhatêng sang prabu | sri narendra angandika ||

11. ingsun anarima mami | saking karya pêkênira | raja pandhita ing mangko | ngong paringakên ing sira | miwah rajabrêrana | lawan saisining Gunung | sira ingkang

--- [143] [223] ---

aduwea ||

12. anuhun sang adipati | sigra sinungan barana | miwah ta rajakaputrèn | dhumatêng kang rayi ika | sang nata angandika | lah wis mulia sirèku | marang padalêmanira ||

13. kang rayi sarêng wotsari | mêdal saking jroning pura | anjujug marang dalême | sampun prapta dalêmira | miwah sakèh boyongan | lawan rajabrananipun | wus sami dinum sadaya ||

14. sakèh ingkang para mantri | ing Surabaya sadaya | wus sami dinuman kabèh | prajurit lawan satriya | lêlurah lan gêbayan | warata dhatêng pêpikul | kakucah lir guladrawa ||

26. Dhandhanggula

1. kawarnaa laminya ing mangkin | kang kocapa Sang Prabu Mataram | dawêg siniwèng wadyane | pêpak mantri tumênggung | jajarane apan arakit | tumbak lêmbing myang panah | bêdhil jajaripun | Priyantaka pan ajajar | lan wong nyutra wong nulup nèng kanan kering | pêpak anèng ing ngarsa ||

2. wong Jagabaya jajare sami | Angkragnyana sami anèng ngarsa | wong Priyantaka sambunge | wong Wisamarta iku | Kartiyasa sisihirèki | Wirabraja ajajar | lan Brajanalèku | wong kapilihan nèng ngarsa | lan Nirbaya Patrayuda jajarnèki | kalawan wong kanoman ||

3. wong agandhèk mantrianom nangkil | lawan malih wong Singanagara | wong Martalulut jajare | gabayan pêrnahipun | rada kiwa niyaga wingking | wong kidul kabèh seba | jajare wong mandhung | winastan [winasta...]

--- [144] [224] ---

[...n] wong Astranôngga | Maudara Jagasura Judhipati | Gowong lawan Margôngsa ||

4. pêpak kabèh sadaya tinangkil | para bupati miwah santana | munggwing ing ngarsa prênahe | kalawan malihipun | pinisêpuh wus samya nangkil | wong pasisir kalawan | môncanagarèku | pêpakan samya aseba | sri narendra samana ngandika aris | dhatêng Madurarêja ||

5. uwa Madurarêja ing mangkin | kita lumampaha ing ayuda | pan dadia têtindhihe | wong pasisir sadarum | pan adunên iku ing jurit | nagara ing Jakarta | uwa wartanipun | pan kancikan ing Walônda | bupatine ing mêngko uwis kalindhih | nagara ing Jakarta ||

6. kang punika rêbutên ing jurit | alah kenging marang wong Walônda | lah wadya pasisir kabèh | nuli apranga cucuh | Adipati Madura aglis | mundur saking ing ngarsa | nuhun pamit sampun | sri bupati angandika | pêkênira gawaa ing mriyêm mami | kêkalih kang prayoga ||

7. pan mêtua ing lautan benjing | anggawaa wong pasisir ika | adipati nêmbah lèngsèr | bubar ing alun-alun | sapraptaning wismanirèki | pra mantri lan santana | anom tuwa rawuh | Dipati Madura mojar | mring santananira ingkang alit-alit | lah padha pradandana ||

8. iya ingsun kinèn anindhihi | ing pêrange wong pasisir ika | kangjêng sultan parentahe | Jakarta kinèn gêpuk | anundhunga mring wong Walandi | sakèh santananingwang | miwah anak putu | sira kabèh pradandana [prada...]

--- [145] [225] ---

[...ndana] | nanging pangrasaningsun nora mulih[26] | nadyan ingong mênanga ||

9. pasthi lamun ingsun datan mulih | ya ta garwane sang adipatya | myarsa wuwuse lakine | sami anangis umungsêsambate amêlasasih | myang anak putu samya | sadaya amuwun | kiyai kados punapa | ngandikane têka mêmarasi ati | kang raka lon ngandika ||

10. apan uwus karsaning Hyang Widhi | lah ta uwis ya padha kariya | dèn padha abêcik kabèh | sira sapungkur ingsun | môngsa sira wurunga benjing | anusula maringwang | ing pangrasaningsun | sigra Pangeran Madura | wus angrakit tata gêgaman kang baris | sampun pêpak sadaya ||

11. miwah para mantri ing pasisir | apan sampun pêpakan sadaya | sampun mrantos gêgamane | bêdhil agêng wus mêtu | sigra sampun utusan mulih | wau Ki Baurêksa | acêcawis sampun | sadandananing ayuda | Ki Dipati Mataram kabèh wus cawis | miwah Dipati Sampang ||

12. Surabaya kalawan Garêsik | ing Lamongan Lasêm Sêdayunya | Tuban Dêmak Jêparane | Juwana lawan Kudus | ing Samarang wus sami mulih | marang nagaranira | sowang-sowang sampun | mariyêm kêkalih ika | wus binakta dhatêng ing Sampang nagari | jaga mêtu nglautan ||

13. pan samana wus samya ajangji | lan ing Sampang miwah Surabaya | kang mêtu ing dharatane | Ngastina gèn tatêmu | atêmpukan sakèhing baris | Ki Madura lampahnya | tan kawarnèng ênu | wus praptèng nagri Ngastina | sakathahe samana wong ing pasisir | wus sami ingutusan ||

--- [146] [226] ---

14. ingkang kêlèn sampun sami cawis | miwah wetan kang wus sami prapta | apan sampun kumpul kabèh | sampun dangdan parau | tan antara bubar tumuli | sigra anulya mancal | babar layaripun | wus sami silêm dharatan | kang sawênèh ana angangkat kumudhi | Kaliwungu ing Kêndhal ||

15. Batang Wiradesa ing Samawis | ing Barêbês kalawan ing Têgal | Pamalang kumpulan gêdhe | tinata layar sampun | ting galêbyar dinulu asri | tan kawarna samana | Carêbon wus rawuh | anggènnya atata-tata | sigra mangkat saking Carêbon nagari | tan kawarnèng lautan ||

16. ing Jakarta apan sampun prapti | anulya nata ing barisira | Pangran Madura pondhoke | kidul wetan kuthèku | kinêpung ing pondhok pasisir | wus misuwur samana | pan arsa ginêpuk | iya marang wong Walônda | wong Jakarta obah wong Jawa wus balik | seba mring Ki Madura ||

17. apan ingkang kari mung Kumpni[27] | prasami ngati-ati sadaya | amunggul balowartine | amapan maryêmipun | myang gurnada lan gutuk api | Walônda pan andina | apuyêngan iku | panggêdhene wong Walônda | kang parentahèng sakathahing Kumpni[28] | kapitan namanira ||

18. Jakup Wispèh kapitan namèki | agêng inggil apan tur prawira | ing sabrang pilih tandhinge | apan pilih kang mungsuh | ya kapitan lamun ajurit | malih wasta Kapitan | Bèlêm wastanipun | Endrus namaning kapitan | kang satunggal Sitoye namanya

--- [147] [227] ---

nênggih | satunggil Jrodo ika ||

19. lan malihe wastaning Kumpni[29] | Kapitan Karèng ingkang satunggal | Kapitan Gêbyug wolune | sêkawan petoripun | pan nêmbêlas Litnan Walandi | lopèrès tan winarna | wong Walônda wau | andina-dina mêlatar | tamburipun pan tansah brang-brangan muni | wus samya nêdya pêjah ||

20. wong Walônda ingkang alit-alit | langkung sami tintrim manahira | tansah nèng jro kitha bae | tan ana wani mêtu | nêngna ing tèng Walandi[30] | ucapên wong Mataram | Ki Madura wau | barise sampun tinata | pra dipati sadaya wus dèn utusi | sampun pêpak sadaya ||

21. anrangbaya kang sampun aprapti | Barêbês Têgal Roban Samêdhang | Pêmalang sarêng praptane | miwah Wiradesèku | Batang Kêndhal lan Lèpènlangi | Samarang lan Jêpara | ing Tuban Sêdayu | ing Kudus lawan Juwana | ing Garêsik Surabaya lan ing Bangil | Gêmbong Lasêm Lamongan ||

22. lan ing Sampang kinèn miyos warih | jaga mungsuh kang mêtu lautan | Ki Dipati Madurane | sigra dènira muwus | mring sakèhe para dipati | sakèhe sanak ingwang | Pasingsingan ngong tantun[31] | yèn rêmbag sanak manira | ing Jakarta dawêg ginêpuk ing mangkin | inggih wong Jawa têlas ||

23. inggih samya aseba mariki | jroning kitha mung kari Walônda | Ki Baurêksa ature | kula ngaturi rêmbug | dening wadya kang mêdal [mêda...]

--- [148] [228] ---

[...l] warih | punika dèrèng prapta | ingantos karuhun | kang dhingin wus prajangjeyan | ing ayuda sarêng lêbur tan gumingsir | gêpuk kitha Walônda ||

24. lah punika kalamun suwawi | yèn tan prapta lêhêng ingantosan | sadina kalih dinane | Ki Madura pan rêmbug | anuruti ature sami | Tumênggung Baurêksa | ing saaturipun | miwah pasisir sadaya | angrêmbagi kèndêla ing kalih wêngi | sigêgên tan winarna ||

25. kang kocapa Sang Natèng Matawis | anèng pura kalane pinarak | kalihan kang uwa bae | sri bupati ngandika rum[32] | inggih uwa Purubayèki | andika sumusula | mêyangana iku | kang jurit marang Jakarta | inggih uwa puniku dika tuwani | kang mêtu ing lautan ||

26. nanging uwa ing wawêkas mami | pan ing dika tuwani piyambak | kinarya pratôndha bae | tandhaning aprang pupuh | Panêmbahan Purbaya aglis | sigra pamitan mentar | mêdal sing kêdhatun | panêmbahan lampahira | tan ambêkta gêgaman kang mawi baris | mung kapêdhak lêlurah ||

27. tan kawarna ing marga wus prapti | ing Jêpara wau panêmbahan | apan darbe palwa dhewe | wastane kang parau | Kaladuta warnanya asri | pan sampun tinitihan | babar layar sampun | prapta têngahing lautan | nêngêna panêmbahan ingkang lumaris | warnanên Ki Madura ||

28. apan sampun amiyarsa warti | penêmbahan anusul punika | Ki Madura ing jro tyase | angraos [angra...]

--- [149] [229] ---

[...os] isinipun | dening lampah dipun tumpangi | sigra sami tangara | wau Ki Tumênggung | Baurêksa wus satata | barisira kalawan baris pasisir | apan sampun kumêrab ||

29. miwah ingkang mêdal laut nênggih | wong ing Sampang wus mêdili[33] yuda | gumrê[34] sauran surake | wong Walônda wus wêruh | lamun arsa dipun inggahi | sigra nulya tangara | gumêr swarèng tambur | Kumpni wus amalatar[35] | mariyêming gurnada gurnat miranti | gutuk api wus mara ||

30. wus atata satabêl ngadhêpi | saradhadhune ababrêgadan | Walônda bêdhil sikêpe | ing sakumpninipun[36] | wong Walônda ingkang nindhihi | kopralipun têtiga | pan alpèrèsipun | satunggil sampun tinata | sabrêgada iya kapitan satunggil | litnang[37] kalih kang nata ||

31. alpèrèse sampun angidêri | kang anèng lor kulon kidul wetan | pan sampun tata barise | dene ta kathahipun | pan Kumpni ingkang winilis[38] | amung kawan brêgada | wau kang winuwus | kapitanipun kang nama | Jakup Wèspèh jaga ngidêri Kumpni[39] | pan sami prajangjeyan ||

32. kang prajangji apan barêng mati | aja ana gumingsir ing yuda | wong Walônda rêmbug kabèh | ajangji barêng lêbur | ya Kapitan Wèspèh nulya ngling | sapa sudi ing sira | yèn sira tan purun | wus ala ajêjêriha | wong Walônda wus bubuh-bubuh anjangji | sami ungkur-ungkuran ||

27. Pangkur

1. Walônda [Wa...]

--- [150] [230] ---

[...lônda] sampun atata | kidul wetan wau kang dèn kandêli[40] | warnanira kadi mêndhung | bêdhilira tinata | mariyême gurnada gurnat lan êbum | gutuk api lawan lela | kalantaka angidêri ||

2. sanapan pating galêbyar | pan tambure brang-brangan mlingi kuping | Kapitan Jak Wèspèh kidul | lawan kapitan papat | kang anama Kapitan Bèlêm Wisdrus[41] | Tubyus wastane satunggal | kalawan Kapitan Wali ||

3. Ki Mandura atêngara | wong pasisir kang kilèn mangsah jurit | sigra atangara sampun | suraknya asauran | karsanira angrangsang kutha anggêpuk | prasami ababêdhilan | sêdyane angantêp jurit ||

4. wong pasisir sami rampak | wong Kumpni pan sampun ngati-ati[42] | mariyêm sinulêt sampun | swarane kadi gêlap | mungsuh rowang bêdhile lir gunung rubuh | wong pasisir kathah pjah[43] | pan misih sudirèng jurit ||

5. nanging maksih binêdhilan | mariyême sadaya taksih muni | anggêgilani karungu | kadi prawata bêntar | mimisipun dinulu pan kadi daru | wong pasisir sami mêndhak | kang katrajang datan urip ||

6. tan môngga-môngga puliha | wong pasisir pan sampun kathah mati | ingkang mundurr nandhang tatu | gêgaman wus arusak | duk samana sampu[44] kasaput ing dalu | wong Jawa mundur sadaya | manahe kalangkung giris ||

7. enjang wau Ki Mandura | karsanira umangsa[45] jurit malih | wadya kang ana ing laut | pan sampun ingutusan |

--- [151] [231] ---

kinèn sarêng mara ing panggêpokipun | wadya pasisir sadaya | mariyême wus miranti ||

8. Walônda sampun atata | babêdhilan ingkang anèng pasisir | mariyême nèng parau | muni ngungkuli kitha | sinulêdan swarane lir gunung rubuh | kadi gêlap asauran | pêtêng dhêdhêt angliwêngi ||

9. wong Jawa akathah pjah[46] | pan Kumpni kèh tatu akèh mati[47] | saradhadhu akèh lampus | kopral lawan sareyan | wong Kumpni samana prêrange bêlung[48] | dening kukusing sundawa | pati-pati dèn gagabi ||

10. dadya kang mêdal lautan | pan akathah angsalipun pêpati | mariyême pan pakantuk | Kumpni kathah pjah[49] | têtindhihe Kapitan Drus sampun lampus | litnang kêkalih wus pjah[50] | sareyan têtiga mati ||

11. nanging sampun ginêntenan | kapitane litnang wus dèn suluri | apan maksih pêrang pupuh | gumuruh babêdhilan | duk samana sampun kasaput ing dalu | prasami arêrêmbagan | Kumpni pan sampun tintrim[51] ||

12. hnêngêna pan samana[52] | kawarnaa panêmbahan wus prapti | angambang ana ing laut | nitih pun Kaladuta | kapalira agêng apanjang abagus | nênggih kucaping carita | wontên palwa agêng prapti ||

13. nênggih kapaling Walônda | karsanira wau ayun miyangi | gêgaman kang ana laut | punika dados sêmang | kapalira pan têtiga kathahipun | Panêmbahan Purubaya | pan nuli amarêpêki ||

14. Kumpni kang anèng palwa[53] | sadayane pan sampun ngati-ati |

--- [152] [232] ---

mriyême sinulêt sampun | ngajênging panêmbahan | datan kandhêk palwane anandêr asru | ngadêg lir taksaka lanang | warnane anggêgilani ||

15. baita nulya angrunjang | angin sangêt swaranya kadi bêdhil | saking barat sangêt nêmpuh | palwa tarung lir gêlap | palwanira baita Walônda lêbur | kèrêm anèng ing samudra | kang kari prasamya lari ||

16. sampun misuwur kang warta | Panêmbahan Purbaya sampun prapti | aprang nèng luhuring laut | palwane Lônda pêcah | apan kèrêm palwa kêkalih lumayu | Kumpni sampun miyarsa[54] | manahe pan sampun giris ||

17. wus kaloka mring Walônda | yèn Pangeran Purubaya sinêkti | kaloka yèn bisa mabur | iya kala samana | wong Kumpni antintrim sadalu-dalu[55] | ngawang-awang binêdhilan | saksana obate tipis ||

18. enjing malih kawarnaa | Panêmbahan Purbaya sampun minggir | wong pasisir sami dulu | kang ana ing lautan | sarêng mangkat sêdyanira pêrang pupuh | sampun aminggir sadaya | Kumpni sampun arakit[56] ||

19. rêmbagira pra kapitan | bêdhil gêdhe anèng pinggir pasisir | tinutup ing karsanipun | sampun ingarah-arah | ingkang yogya mimis bisaa malêbu | anulya bêdhili sigra | Kumpni pangrahnya sisip[57] ||

20. ngênèni lambe kewala | malah gêmpal lambe mriyêm Matawis | ambêdhil-binêdhil dangu | parau kathah pêcah | wadya alit akèrêm kathah kang lampus | Kumpni pan kathah pêjah[58] | kapitannya roro mati ||

21. Panêmbah Purubayanya [Purubaya...]

--- [153] [233] ---

[...nya] | sigra têdhak saking palwanira glis | panakawane tatêlu | punika kang binêkta | kang ambêkta lantaran lawan kakuthuk | lan kang ngampil pakinangan | Kumpni sampun udani[59] ||

22. nulya sigra binêdhilan | mariyême sadaya dèn sulêdi | swarane lir gunung rubuh | gurnat lawan gurnada | gutuk api swarane kadi galudhug | tambure gumêr lir bêdhah | salomprèt pating jalêrit ||

23. panêmbahan angandika | Si Walônda dening kapati-pati | ambêdhili marang ingsun | lah iya êntèkhnê[60] | tandangira Kumpêni sangsaya gugub[61] | lir ambêdhil wêwayangan | bêdhil buntêt tanpa mimis ||

24. sawênèh bêdhile sêmpal | panêmbahan sangsaya marêpêki | Walônda sangsaya gugub | gègère apuyêngan | kang sawênèh bêdhile marêp mandhuwur | manahira butarêpan | manawa ana ing langit ||

25. panêmbahan angandika | hèh Kumpni dening kapati-pati[62] | apa ngandêlkên kuthamu | dumèh kandêl awiyar | apan kinèn nêmêni masthi yèn lêbur | sigra nulya tinudingan | kutha bêngkah sêdhêng jalmi ||

26. Panêmbahan Purubaya | nulya kondhur pan maksih dèn bêdhili | pan eca sês lampahipun | lir bêdhil wêwayangan | panakawan têtiga sami rahayu | pan sampun minggah mring palwa | ya ta kasaput ing wêngi ||

27. panêmbahan angandika | sakathahe wau wong ing pasisir | lah wis kariya sadarum | ingsun layar manêngah | sun jagani mungsuh kang mêtu ing laut | anulya sigra alayar | sakêdhap datan kaèksi ||

--- [154] [234] ---

28. Panêmbahan Purubaya | pan abanjur sêdya marang Matawis | ri sampun akarya tatu | akarya gara-gara | wong Kumpni manahe sangsaya kukut[63] | saksana mêndhung katingal | gumuruh dipun bêdhili ||

29. dandananira mèh têlas | obat mimis samana sampun tipis | warnanên kang anèng kidul | Tumênggung Baurêksa | anrangbaya padha saking bitingipun | sakathahe wong Ngastina | prasami anglanggar biting ||

30. Walônda mimise têlas | apan têlas salir prabuting jurit | mimisnya dikum ing uyuh | kinuthah lawan berak | kang sawênèh gajih cèlèng wêdhakipun | Kumpni sampun uninga[64] | wong Jawa angitêr biting ||

31. anulya dandan sadaya | wus malatar mriyême dèn sulêdi | gurnada gurnat myang êbum | swaranira lir gêlap | ywa wong Jawa kang katiban kabur-kabur | Ki Tumênggung Baurêksa | samana sampun akanin ||

32. katiban mimis sêsawat | pupunira tugêl manguwir-uwir | wong pasisir kathah lampus | mimis pan kadi jawah | wong Kumpni mimise kêdhik kang kantun[65] | watara kari sadina | datan duwe malih-malih ||

33. bitingira sampun bubar | wong pasisir manahe kêtir-kêtir | ya ta kasaput ing dalu | wong cilik kathah minggat | samya mulih akèh amora ing dalu | wau Dipati Madura | arsa ngawaki pribadi ||

34. kadang kadeyan sadaya | wus pinêpak sadaya pan tinari | pan ingsun arsa angamuk | kuthane Si Walônda | ngong unggahi pan arsa sun amuk purun | lah padha asêsucia | payo padha

--- [155] [235] ---

mati sabil ||

35. prasamya matur sandika | kang santana lawan kang bala mantri | asanggup barênga lêbur | enjange kawarnaa | Ki Mandura samana pan sampun mêtu | sigra tangara kang bala | bêndhene ngungkung tiniti ||

36. Walônda sampun mêlatar | bêdhilira pan sampun dèn isèni | berak dèn wor mimisipun | Ki Mandura wus mangsah | pra santana balanira sarêng nêmpuh | Kumpni pan kagegeran[66] | bêdhile wus dèn sumêdi ||

37. swarane bêdhil lir gêlap | kang pratala lindhu bah gonjang-ganjing | wong Mataram akèh lampus | kang sawênèh aniba | nulya tangi kang tiba banjur lumayu | sawênèh ana kang sêmpal | baune manguwir-uwir ||

38. kang sawênèh kaprawasa | janggut sêmpal baune rontang-ranting | sawênèh pupunya putung | ingkang kêna sêsawat | kang sawênèh ana tugêl gulonipun | sirahe pan galundhungan | tan ana tawa ing mimis ||

39. sawênèh bêdhile kontal | nulya tangi umangsah ngamuk malih | Ki Mandura pêrangipun | mimis kadi parada | yèn alèrèn nulya ingusapan sampun | anulya mangsah ing rana | wus parêk kalawan biting ||

40. wong Walônda kagegeran | mimis êntèk tinja kinarya mimis | gènnya ngisèni kasusu | tan anganti wêwadhah | têpiyone kinarya cêcidhuk tablun | sawênèh sinendhok tangan | wênèh cinorok kulambi ||

41. apan sampun binêdhilan | Ki Mandura sampun cakêt lan biting | swaraning bêdhil gumrudug | tambure brang-brangan[67] | pan sênapan kadi garojogan sèwu | pêtêng kukusing sandawa | salomprèt pating jalêrit/ [156] [236] ||

42. wong Mandura akèh pjah[68] | ingkang têguh prasamya wuru tai | sawênèh awak gêluprut | sawênèh gulagêpan | prajurite sadaya akathah wuru | wênèh mutah bêlateran | tan kobêr umangsah jurit ||

43. Pangeran Madura sayah | undurira prasami wuru tai | Ki Madura mungur-mungur | sadaya mutah-mutah | pra santana watara kari rongpuluh | wadya cilik sampun têkas | kang urip tan bisa tangi ||

44. samya banjur mring bangawan | samya adus busana dèn kumbahi | prasamya asalin sampun | mulih mring pasanggrahan | Ki Mandura balanipun kathah rêmpu | pan maksih samya sudira | pan asêdya ngrangsang malih ||

45. Walônda wus kagegeran | panggêdhene akèh kang padha mati | kapitan papat kang lampus | litnangipung sakawan | alpèrèse ingkang mati kalih puluh | Kumpnine sabrêgada[69] | kang kari sama[70] atingtrim ||

46. dandananira wus têlas | mimis obat apan nora na kari | manahira eyang-eyung | nêdya pjah kewala[71] | mung taine kang kinarya mimisipun | sumêdya lêbur sadaya | nora nêdya dèn unduri ||

28. Durma

1. hnêngêna kang tugur nèng pan Jakarta[72] | kucap Sultan Matawis | lagya siniwaka | pêpak kang wadyabala | para santana wus nangkil | Pangran Purbaya | samana lagya prapti ||

2. sampun seba dhumatêng sri naranata | anulya matur aris | kawula sang nata | andika kèn lumampah | anjangkungi ing ajurit | dhatêng Jakarta | sampun ulun lampahi ||

3. sampun karya

--- [157] [237] ---

tilar tilas gara-gara | pun Kumpni atintrim[73] | wadya jêngandika | wong pasisir sadaya | kathah rusak kathah mati | pun Baurêksa | wartanipun akanin ||

4. pun Madura sampun ngawaki priyôngga | tumpês balanirèki | anak putunira | sampun akathah pêjah | pun Madura ngrangsang biting | Kyai Madura | kondure dening tai ||

5. pun Walônda obat mimise wus têlas | tinja kinarya mimis | têlas kedahira | asêdya têtumpêsan | manahira sampun gigrih | yèn bantonana | baris saking Matawis ||

6. pasthi bêdhahipun nagari Jakarta | ing mangke kadospundi | ing karsa sang nata | botên si yèn awona | apênêt lan wong Walandi | sri naranata | nulya ngandika aris ||

7. inggih uwa Purubaya karsaningwang | sun kèn mundur kang jurit | lah ta wong Mataram | ing benjang wruhanira | ing sapungkur-pungkur mami | nak putuning wong | yèn lunga sing Matawis ||

8. wong Kumpni ingkang têtulung ing benjang[74] | hèh wong gandhèk dèn anglis | lan Singanagara | lah sira timbalana | kang anèng Jakarta jurit | Ki Baurêksa | uwisna padha mangkin ||

9. Si Madura aja mulih mring Mataram | prênahna anèng Kali- | wungu dèn gonana | uwis sira mangkata | utusan wus nêmbah pamit | nulya lumampah | tan kawarna ing margi ||

10. wus alayar sampun têka ing Jakarta | nulya sira kapanggih | lawan Ki Madura | anulya tinimbalan | kinèn mundura kang

--- [158] [238] ---

jurit | gih jêngandika | wontêna Lèpèntangi ||

11. Ki Madura garjita ing manahira | angrasa lamun sisip | sigra nulya bubar | sampun anitih palwa | Baurêksa dèn suduki | kala samana | wong pasisir atintrim ||

12. sampun bubar wadya pasisir sadaya | Walônda aningali | langkung sukanira | sampun angrasa gêsang | wus angrasa wong Kumpni[75] | yèn kangjêng sultan | kang asru angalimi ||

13. pira-pira sukanira wong Walônda | wus olih rêmbug bêcik | tan anyana mnang[76] | dandanane wus têlas | marmane sira nusuli | marang Mataram | ngaturi bulubêkti ||

14. kawarnaa Ki Madura sampun prapta | wontên ing Lèpèntangi | sanak putunira | langkung kawêlasarsa | saundurira ing jurit | saking Jakarta | samana dèn babadi ||

15. wong apêrang anatasi buta tala 1571 | iku sangkalanèki | Pangeran Madura | pan sampun pinêjahan | nênggih wontên Lèpèntangi | wus ing astana | nèng Kaliwungu nênggih ||

16. tan winarna duk samana laminira | sang nata ing Matawis | enjang siniwaka | pêpak kang wadyabala | mantri gung-agung sumiwi | para santana | kabèh samya anangkil ||

17. angandika sang nata ing arinira | Pangeran Adipati | Salarong namanya | lah sira amintara | anindhihana prajurit | wadya Mataram | adunên ing ajurit ||

18. ing Blambangan pan iku sira bêdhaha | lawan Pringgalayèki | paniku ngiringa | marang mring kakangira | wadyabala [wadya...]

--- [159] [239] ---

[...bala] ing Matawis | sira adua | yèn ana wong ngalangi ||

19. patènana sira gawea tongtonan | pan ingsun anggawani | jêjênênging yuda | gandhèk pan sanakira | Padurêksa wastanèki | anake paman | Pringgalaya sumêndhi ||

20. iku iya ingong karya angganingwang | kalawan ya si adhi | basanana kakang | lawan Si Padurêksa | pan iku sêsulih mami | sun karya tingal | sisipe wong Matawis ||

21. apan uwis padha sira pradandana | sêsikêping ajurit | lawan wêkas ingwang | yèn mênang yudanira | Bêlambangan yèn kalindhih | lah boyongana | aja na kari siji ||

22. dina Soma adhi lah sira mangkata | kang rayi awotsari | sang nata gya jêngkar | saking ing panangkilan | malêbêt ing kênyapuri | ngiring badhaya | sêlir pan para cèthi ||

23. ingkang sowan prasami bubar sadaya | sampun arakit baris | wong môncanagara | pan sampun ingutusan | lan kinèn saosa sami | gêgamanira | sakapraboning jurit ||

24. tan kawarna laminya têka sadaya | sigra miyos tinangkil | pêpak kang punggawa | mantri lan sinatriya | miwah Pangeran Dipati | Salarong prapta | kalihan ingkang rayi ||

25. kang awasta Adipati Pringgalaya | putranipun kêkalih | kang amilu yuda | sampun pêpak sadaya | miwah ingkang para mantri | gêgamanira | ngalun-alun abaris ||

26. angandika sri narendra ing Mataram [Matara...]

--- [160] [240] ---

[...m] | bubarna kang abaris | lah ta adhi poma | sira pan dèn prayitna | kang rayi matur wotsari | anulya budhal | miwah kang para mantri ||

27. wus lumampah gêgaman agêng gumêrah | prapta jabaning taji | andhèr ambêlabar | tan kawarna ing marga | pan sampun praptèng Kêdhiri | môncanagara | wau ingkang dèn anti ||

28. Jagaraga Kaduwang lawan Magêtan | Madiun sampun prapti | miwah Pranaraga | Caruban Kêrtasana | Kalangbrèt lawan ing Rati | Srêngat Balitar | sadaya sampun prapti ||

29. Garobogan Balora lawan ing Jêpang | Sêsela lagya prapti | wong pasisir kiwa | kang milu angluruga | ing Lasêm lawan ing Pathi | Sadayu Tuban | Nglamongan lan Garêsik ||

30. Surabaya kalawan ing wong Madura | sadaya samya kêrig | miwah Wirasaba | Pasuruan ing Malang | punika sampun prajangji | ing Pasêdhahan | pakumpulaning baris ||

31. sampun bubar saking nagari ing Daha | datan kawarnèng margi | praptèng Pasuruan | pan sampun tata-tata | wong pasisir sampun prapti | môncanagara | sami amêpak baris ||

32. sampun bubar gêgaman prapta Lumajang | nanging maksih lumaris | wau sampun prapta | watêsing Bêlambangan | arêrêb anata baris | sampun kawarta | misuwur ing wong Bali ||

33. Bêlambangan andina gègèr puyêngan | wus putusan lumaris | maring Bali ika | pan sampun binantonan | wong Bali kang bêcik-bêcik [bêcik-bê...]

--- [161] [241] ---

[...cik] | kang tau tatag | angalahkên nagari ||

34. panggêdhene kêkalih winarna[77] | wastane kang sawiji | Dewajalêngkara | wastane kang satunggal | pun Dewatung wastanèki | sami prakosa | dêdêgnya agêng inggil ||

35. prajurite Panji Balèlèng wastanya | Ki Panji Macankuning | pamuknya akathah | wau datan kawarna | ing Balambangan wus prapti | atatan-tatan | sami anata baris ||

36. Ki Dipati Balambangan kawarnaa | putranipun kêkalih | wasta Ki Mas Kêmbar | kinèn atunggu pura | wus bubar saking nagari | pan sampun prapta | tapêl watês ing pinggir ||

37. sampun pêthuk sami anawang-winawang | kalawan wong Matawis | pan sami prayitna | sami nata gêgaman | prajurite amiranti | bêdhil pinasang | obat kalawan mimis ||

38. ingkang dadi gêgunungan miwah dhadha | Pangeran Adipati | Salarong punika | kang kinarya pangarsa | sêwu numbakanyar nênggih | sami prakosa | wong Bagêlèn prajurit ||

39. wong Bumija kang anèng pangawat kiwa | ing dados têtindhih[78] | Pangran Pringgalaya | miwah wadya Mataram | kang baris sampun pinalih | samya atata | miwah wadya pasisir ||

40. anèng kiwa kang têngên môncanagara | wong Bali sampun prapti | wong ing Bêlambangan | sampun ayun-ayunan | wong Mataram lan wong Bali | têngara gumrah | rame bêdhil-binêdhil ||

41. wong Mataram atarab samya amapan |

--- [162] [242] ---

angantêp jurit[79] | dangu bêbêdhilan | wong Bali kathah pjah[80] | prajurite angawaki | sigra narajang | sakthahe wong Bali ||

42. ting barêkik wong Bali sami rumakang[81] | anut kukusing bêdhil | wong ing Balambangan | tulup pangantêp upas | prasamya anakêr wani | têmpuhing yuda | lir ombak nêmpuh ardi ||

43. lindhu awor kang yuda wus salong pêjah | pangamuke wong Bali | lir banthèng kabranan | kadi sima ababal | kalangkung anginggit-inggit | wadya Mataram | prayitna anadhahi ||

44. lêmbing busur pasir tiba kadi udan | wong Mataram kèh mati | sigra anarajang | angawaki priyôngga | pangamuke wuru gêtih | para santana | sadaya aningali ||

45. Adipati Pringgalaya wus uninga | yèn kang raka ajurit | Radèn Padurêksa | anuli tinulungan | sigra mangsah tan asari | para santana | sadaya angawaki ||

46. wong Mataram tandange angamuk rampak | bêdhenira[82] tinitir | gong maguru gôngsa | têtêg kaya butula | gumrudug swaraning bêdhil | swaraning surak | kadi rubuh kang langit ||

47. wus atêmpuh wong Balambangan kèh pêjah | wong Bali akèh mati | miwah wong Mataram | akèh kêni ing upas | pasêre kadya garimis | wadya Mataram | kèh bingung nora eling ||

48. pangamuke wong Bagêlèn kadi setan | wong Bali kadi bêlis | wong Bali kèh pjêh[83] | kari apanjang tumbak | gêgaman ganjur pakulih | putung watangnya | pinancasakên [pinanca...]

--- [163] [243] ---

[...sakên] malih ||

49. pan wong Balambangan akèh ingkang pjah[84] | pêrangira kalindhih | pan sami lumajar | angungsi pamondhokan | sampun sinapih ing wêngi | wadya Mataram | kang buru samya bali ||

50. Jêng Pangeran Salorong[85] ika tumingal | balane akèh mati | knê dening upas[86] | nulya sira tumêdhak | kang mati dipun sipaki | waras waluya | kang knê tumbal mimis[87] ||

51. hnêngêna wontên ta ingkang kocapa[88] | santana ing Matawis | anênggih kang putra | Pangeran Pringgalaya | kalangkung dados wawêri | anèng Mataram | lampahe amêmaling ||

52. wastanipun Rahadèn Wôngsakartika | pan dados maling yêkti | karyane ajinah | lan matèni têtiyang | kalangkung dadya wawêri | wadya Mataram | tan ana ingkang wani ||

53. milanipun binucal mring Pasuruan | Dyan Wôngsakartikèki | ana ing Mataram | angrêrusuhi jaman | pan sampun miyarsa warti | yèn arinira | kalih tumuta jurit ||

54. nulya mangkat anusul mring pabarisan | anjujug mring kang rayi | pinanggih rinira | Rahadèn Padurêksa | uninga nulya ngabêkti | datan anyana | kakang pinanggih ngriki ||

55. ingkang raka aris dènira ngandika | pan ingsun takon yayi | paran juritira | kang rayi aturira | kuwalahên ing ajurit | ing sanak ingwang | santana ing Matawis ||

56. angur ingsun matia anèng paprangan | sun amuke ing wêngi | yayi mungsuhira | Bali lan Balambangan | dening sira sun bubuhi | lamun raina |

--- [164] [244] ---

sira ngamuka yayi ||

57. sampun rêmbug kang rayi lawan kang raka | ingkang raka apamit | kang rayi tur sêmbah | kula botên tumuta | kang raka ngandika aris | lah yayi aja | dudu sabannya yayi ||

58. pan wus mangkat Rahadyan Wôngsakartika | sampun prapta ing biting | nulya linumpatan | wus malêbêt samana | anulya dèn amuk wani | wong Balambangan | gègèripun sawêngi ||

59. apuyêngan wong biting asalin tumbak | lawan batur pribadi | wong Bali kèh pjah[89] | miwah wong Balambangan | kang ngamuk datan kaèksi | bangun raina | anulya dèn unduri ||

60. nanging maksih gègère taha-tinaha | malah tumêkèng enjing | pan sampun raina | nulya nata gêgaman | akarsa apulih gêtih | liwung ing nala | bature akèh mati ||

61. sigra mangsah wong Mataram wus uninga | apan sampun miranti | nulya têmpuh ing prang | wong Bali lan wong Jawa | bêdhilira sarêng muni | lir pendah gêlap | bêdhil gêng-agêng muni ||

62. lêbu mlêtuk malêdug wanara galak | bumi agonjang-ganjing | Radèn Padurêksa | angamuk mring payudan | pangamuke mobat-mabit | numbak anigas | wangke sungsun atindhih ||

63. mayit Bali lan mayit ing Balambangan | lan mayit ing Matawis | pan tumpang-tinumpang | wong aprang kathah pjah[90] | wong Balambangan kèh miris | tatane rusak | wus bubrah bosah-basih ||

64. Radèn Padurêksa tandange lir sima | sinosog ing wong Bali | pan nora rinasa | lir pendah panjang putra | sinosog ing roning pari | wong Balambangan | pêrange wus kalindhih ||

--- [165] [245] ---

65. lir andaka tandange Ki Padurêksa | sarira kuthah gêtih | panganggone basah | wong Bali sampun bubar | ya ta kasaput ing wêngi | mundur kang yuda | sakèhing wong Matawis ||

66. wong Kabalèn Balambangan sampun susah | manahira atintrim | prang raina kalah | kathah longe kang pjah[91] | yèn wêngi dipun amuki | akathah pjah[92] | gègèr sawêngi-wêngi ||

67. kang anama Rahadyan Wôngsakartika | pangamuke ing wêngi | Radèn Padurêksa | pangamuke raina | mila wong Bali atintrim | wong Balambangan | pan sami alolosi ||

68. prajurite samana akathah pjah[93] | gagêdhene wus mati | iya kalih pisan | wong Bali sampun têlas | kang urip pan samya mulih | wong Balambangan | bubarira ing wêngi ||

69. wus raina wong Mataram pan tumingal | yèn wus bubar kang baris | nulya atangara | angajak ngrangsang kitha | karsane ambêboyongi | sampun lumampah | wong cilik jêjarahi ||

70. Ki Mas Kêmbar samana sampun kapêcak | anulya dèn cêkêli | pan sampun binasta | wong cilik binêdholan | wong dalêm wus dèn boyongi | yèn ana bôngga | wasisan dèn patèni ||

71. Balambangan sadaya angursi[94] arga | ajar kang dipun ungsi | wastane kang ajar | Ajar Salokantara | wong Mataram kang nututi | akathah pjah[95] | dèn amuk tan apulih ||

72. pan wus katur mring Pangeran Salarongan | sigra kinèn ngunggahi | kang para prawira | anulya ingunggahan | samya marambat manginggil | wong Balambangan | pan sampun dèn tumbaki ||

--- [166] [246] ---

73. Kyai Ajar Salokatara[96] kapêdhak | nulya cinêkêl wani | pan sampun binêkta | marang ing pasanggrahan | ingaturakên ing gusti | Ajar Saloka | jêjêr tan arsa linggih ||

74. Adipati Pringgalaya panasbaran | ki ajar dèn parani | jinêglong angrêmpah | ajar sampun asila | Ki Pringgalaya linarik[97] | yèn angucapa | wong iki liwat luwih ||

75. Jêng Pangeran Salarong asru ngandika | lah sira ki wêwasi | dahwèn lakunira | angukuhi ing mêngsah | mêngko sira sun patèni | ajar angucap | pan nora sun gingsiri ||

76. taha ingsun atapa salah wêweka | apan ingsun dèn ungsi | amapag ing pêrang | pan karsane priyôngga | dening sun tumêkèng pati | môngsa bakala | wus karsa Hyang Pramêsthi ||

77. mapan ingsun benjang amalês ing sira | yèn ana ratu lêwih | gèthèk baun kiwa | iku sira antia | adipati asru angling | kacarewetan | anulya dèn patèni ||

78. kae Ajar Salokantara wus pjah[98] | binuncang ingkang jisim | sami kagawokan | sakèhe wong Mataram | Dipati Salarong angling | akèn tangara | bubarêna kang baris ||

79. Balambangan lanang wadon binoyongan | siji tan ana kari | miwah Ki Mas Kêmbar | binakta mring Mataram | saksana bubar kang baris | wong bêboyongan | linampahakên dhingin ||

80. tan cinutur[99] lêlampahaning carita | sampun praptèng Matawis | prasami aseba | dhatêng ing pagêlaran | sri bupati sampun mijil | prapta sadaya | kang raya[100] awotsari [a...]

--- [167] [247] ---

[...wotsari] ||

81. ulihnê mring nagara Balambangan[101] | ngayumana kang kari | nandhanga upata | yèn balila maringwang | apan anêmua bêcik | wus ingupatan | ingatêrakên mulih ||

82. sigra bubar sri narendra siniwaka | kandhêg ing srimanganti | gandhèk saradula | tinimbalan wus prapta | anulya dipun takèni | solahing yuda | sadaya dipun titi ||

83. saradula umatur sarwi anêmbah | kawula nuwun gusti | pan rayi paduka | tangkêpipun awignya | sarêng rusaking ajurit | Ki Padurêksa | angawaki pribadi ||

84. pangamuke anglir mong tan antuk môngsa | braja tan anêdhasi | wong Bali kapêdhak | wontên sadulurira | kang mangsah ngamuk ing wêngi | Wôngsakartika | wastanipun anênggih ||

85. pan karuhun putranipun Pringgalaya | ingkang dados wawêri | gih paduka bucal | dhatêng ing Pasêdhahan | punika ingkang ajurit | wong Balambangan | kawonipun ing wêngi ||

86. saradula têlas ature sadaya | jêngkar sri narapati | kundur angadhatyan | tan winarna samana | sampuning alami-lami | ing dina Soma | sang nata sigra mijil ||

29. Mijil

1. wus angrasuk kaprabon narpati | abusana kaot | wus apaès lir hyang-hyang baguse | singa mulat padha lênglêng brangti | duk miyos tinangkil | upacara mêthuk ||

2. wus lumampah ngarsaning narpati | caratan paidon | prangmêdani panjrah pawohane | wohing jênggi wuri sawunggaling | banyakdhalang kari | kandhaga sumusul ||

3. orêg kabèh sagung ingkang nangkil | sadaya samyanon [sa...]

--- [168] [248] ---

[...myanon] | sri narendra adi busanane | angluwihi sagung ingkang nangkil | sakèhing pra mantri | jrih mulat tumungkul ||

4. lyan anaa wadyanya nyamèni | busananing katong | gya kinèn ngudurakên[102] kancane | sarywa ngliningan tan crah prayogi | undurna aririh | prasami lumayu ||

5. wusnya salin nulya wangsul nangkil | warnanên sang katong | wus pinarêk ing singasanane | asung cipta mring sakèhing mantri | sakèh wadya ajrih | lungguhe tumungkul ||

6. datan ana swaraning kumrisik | miwah kang kêkayon | datan ana obah sakathahe | saking paksi tan ana kumlisik | kêmasan lan gêndhing | myang kang manuk êngkuk ||

7. amung punika kapirsa muni | pinirsa dening wong | langkung rêsming kapirsa swarane | wus adangu sira sri bupati | dènira tinangkil | ngandika sang prabu ||

8. amariksa kathahe prajurit | Bêlambangan kang wong | sapa ingkang amojok jurite | sami matur sakathahe mantri | anênggih rumiyin | kang rosa prangipun ||

9. anandhahi pangamuking Bali | jajênêng sang katong | Padurêksa punika wastane | wontên sadhèrèkipun satunggil | angamuk ing wêngi | langkung sêktinipun ||

10. pun Wôngsakartika wastanèki | ngandika sang katong | iku sapa mangkono arane | dening ingsun durung wruh ing nguni | sigra awotsari | kang dinangu matur ||

11. nênggih nakipun paman sang aji | Pringgalaya kang wong | ingkang dumadya wawêri rajèng | nênggih ngriki ingkang anglampahi | malingi [maling...]

--- [169] [249] ---

[...i] sang aji | karuhun tinundhung ||

12. angandika wau sri bupati | sakèhing sanak ngong | lamun nora ana pakewuhe | nglakonana lara lawan pati | yèn ana kang jurit | iku kang angamuk ||

13. mara timbalana dipun aglis | sêbaa maring ngong | lawan sira Padurêksa mangke | ingsun junjung kaki adipati | Têpasana adi | iku lungguhipun ||

14. ajajara lan santana mami | sèwu kang lêlunggoh | pra santana angèstrèni kabèh | sigra jêngkar sang nata tinangkil | malêbêt jro puri | pra garwa amêthuk ||

15. tan kawarna laminya ing mangkin | midhangêt sang katong | ing Sumêndhang Ngukur pambalike | langkung duka wau sri bupati | wus mijil tinangkil | wau gung supênuh ||

16. para mantri wus angudanèni | yèn duka sang katong | mukanira konjêm siti kabèh | langkung ajrih mulat ing narpati | tan ana kumlisik | prasami tumungkul ||

17. èsmu duka sang nata dèrèng ngling | dhumatêng punang wong | ing Sumêndhang Angukur wartine | kang katur mring sun mêngko ambalik | gêcêkên tumuli | lan nagara Ngukur ||

18. Si Tumênggung Singaranu aglis | lan sabalanya wong | lurugana ing Ngukur dèn age | lan tumpêsên sakathahing jalmi | sok lananga ugi | aywana kang kantun ||

19. wong bumija iridên dèn aglis | numbakanyar kang wong | lan wong sèwu iku sakancane | iya adunên kabèh ajurit | lawan wong pasisir | milua anglurug ||

--- [170] [250] ---

20. para mantri kang kinon wotsari | ngandika sang katong | lamun kalah wong Ngukur jurite | lah tumpêsên kabèh ywa na kari | kang kinèn tur pamit | lèngsèr nêmbah mundur ||

21. wus lumampah sakathahing mantri | wong Bagêlèn kulon | wong Bumija mijil gêgamane | wong pasisir sampun dèn utusi | prasami ajangji | Banyumas akumpul ||

22. tan kawarna pan sampun apanggih | gêgaman agolong | ing Banyumas gone kumpul kabèh | wus arêmbag bubar para mantri | tan kawarnèng margi | wus prapta ing Ngukur ||

23. wong pasisir êlor dèn barisi | wong Banyumas kulon | wong Bagêlèn kidul ing barise | wong Bumija wetan dènnya baris | wus amêtu jurit | kuthane kinêpung ||

24. wong desane sami dèn boyongi | kang lanang punang wong | pinatenan kabèh lan bocahe | arsa angamuk datan kuwawi | wong jro kitha tintrim | pan sami akuru ||

25. wus agilig sagung wong Matawis | ngrangsang kutha kang wong | miwah para bupatine kabèh | sigra kinèn têngaraning jurit | gêgaman wus mijil | sarêng angkatipun ||

26. wong jro pura kabèh sami nangis | gègèr jaga awor | bupatine wus cilik atine | prajurite tan kênèng tinari | uwus ngrasa mati | budine anglunthung ||

27. wong Mataram samya anglêbêti | wong jro kutha riyon |

--- [171] [251] ---

ingkang wani arêmpêg ature | sigra mangsah anêmpuh ing jurit | nulya anglêbêti | wong kutha tinêmpuh ||

28. Adipati Sumêndhang wus kêni | binêsta binoyong | wong wadone wus tinawan kabèh | gêdhe cilik datan ana kari | wus binêkta mijil | tangisira umyung ||

29. wong ing Ngungkur ingkang dèn gendholi | cacah sèwu ingkang wong[103] | sampun bubar kabèh ing barise | tan kawarna lampahirèng margi | wus praptèng Matawis | katur ing sang prabu ||

30. yèn ing Ngukur sampun kawon jurit | wongipun kaboyong | sampun tapis kabèh wong lanange | langkung suka wau sri bupati | tan winarnèng kawi | anênggih winuwus ||

31. kala kangjêng sultan acangkrami | midêr-midêr kêbon | saampilan tlêmpak landheyane | kajêng wrêgu kampil ing wadyèstri | nèng kêbon pan asri | buron wana agung ||

32. sapraptane kakêbonan asri | jêng sultan amanggoh | kidang jalêr kalangkung galake | iku kalangênaning narpati | kidang umulat ing | sultan gya tinêmpuh ||

33. kangjêng sultan wus prayitnèng wèsthi | ampilan kang waos | wus ingagêm talêmpak ngastane | kidang nandêr sultan anadhahi | andhêman ngênèni | raina sumêmbur ||

34. nanging kidang asru pambantêring | anêmpuh sang katong | tlêmpak wrêgu sangêt mantêlunge | krana kidang prapta nèng ing ngarsi | malah sultan kongsi | kagêyor kang pupu ||

35. nanging datan karaos kang wêntis | panggayoring buron | saking jêng sultan dahat têguhe |

--- [172] [252] ---

dadya tan pasah wêntis kang busik | wusing kidang mati | sultan ngandika ris ||

36. iya sakèhe nak putu mami | ing sawuriningong | aywa ana nganggo landheyane | wrêgu apan iku nêniwasi | sigêgên sang aji | dyan malih winuwus ||

37. kangjêng sultan jênêngira aji | kadhatone roro | ing Sagara Kidul satunggile | Nyai Kidul kagarwa narpati | mila sri bupati | kalih puranipun ||

38. Nyai Kidul mapan iku pêri | parayangan katong | nora suka pan dudu jatine | mapan mijil saking manungsèki | putraning narpati | ingkang asêsunu ||

39. duk kapanggih putra ingkang brangti | sarêng mulat kang wong | sarêng korud putra lan putrine | saking karsaning Hyang Kang Linuwih | rasanya anunggil | dadya Nyai Kidul ||

40. kangjêng sultan arsa acangkrami | bubaring kadhaton | Pamancingan samana jujuge | sampun prapta têpining jaladri | sakathahe pêri | prasami amêthuk ||

41. Nyai Rara pan sampun lumaris | amêthuk sang katong | êjim pèri padha ngiring kabèh | anampani caraka narpati | sang nata kinanthi | dening Nyai Kidul ||

Catatan kaki:

1. gundam-gundam (kembali)
2. Seharusnya halaman 120 dan seterusnya. (kembali)
3. Kurang satu suku kata: lare alit pan samya alit (kembali)
4. andangu (kembali)
5. sitinggil (dan ditempat lain). (kembali)
6. Kurang satu suku kata dan guru lagu shèharusnya: 10a, Surabaya Pangeran Kapêdhak (kembali)
7. Lebih satu suku kata: sami kinèn adandan (kembali)
8. pakênira (kembali)
9. Lebih satu suku kata: saprayoginipun (kembali)
10. Kurang satu suku kata: wus katur sang nata age (kembali)
11. Kurang satu suku kata: ucula ing êmbanan (kembali)
12. Kurang satu suku kata: sakathahe kang adoh ing Jawi (kembali)
13. Lebih satu suku kata: angalahakèh ing prang (kembali)
14. Lebih satu suku kata: inggih kawula mirsa (kembali)
15. anulya (kembali)
16. Kurang satu suku kata: ênêngêna ta rumiyin (kembali)
17. Kurang satu suku kata: wong Surabaya kèh pêjah (kembali)
18. Kurang satu suku kata: sami ngaturakên pêjah gêsangipun (kembali)
19. Kurang satu suku kata: apan sami matur sarwi anangis (kembali)
20. klambinipun (kembali)
21. Kurang satu suku kata: tan tinolèh kang pêjah ingidak purun (kembali)
22. Wandhan (kembali)
23. Kurang satu suku kata: abdi dalêm kathah pêjah (kembali)
24. Kurang satu suku kata: lah ta êndi lakinira (kembali)
25. Kurang satu suku kata: matur saha wotsêkar (kembali)
26. Kurang satu suku kata: nanging pangrasaningsun nora amulih (kembali)
27. Kurang satu suku kata: apan ingkang kari mung Kumpêni (kembali)
28. Kurang satu suku kata: kang parentahèng sakathahing Kumpêni (kembali)
29. Kurang satu suku kata: lan malihe wastaning Kumpêni (kembali)
30. Kurang dua suku kata: ênêngna ing bètèng Walandi (kembali)
31. Lebih satu suku kata: Singsingan ngong tantun (kembali)
32. Lebi satu suku kata: bupati ngandika rum (kembali)
33. mêdali (kembali)
34. gumêr (kembali)
35. Kurang satu suku kata: Kumpêni wus amalatar (kembali)
36. Kurang satu suku kata: ing sakumpêninipun (kembali)
37. litnan (dang ditempat lain). (kembali)
38. Kurang satu suku kata: pan Kumpêni ingkang winilis (kembali)
39. Kurang satu suku kata: Jakup Wèspèh jaga ngidêri Kumpêni (kembali)
40. kèndêli (kembali)
41. Kurang satu suku kata: ingkang anama kapitan Bèlêm Wisdrus (kembali)
42. Kurang satu suku kata: wong Kumpêni pan sampun ngati-ati (kembali)
43. Kurang satu suku kata: wong pasisir kathah pêjah (kembali)
44. sampun (kembali)
45. umangsah (kembali)
46. Kurang satu suku kata: wong Jawa akathah pêjah (kembali)
47. Kurang satu suku kata: pan Kumpêni kèh tatu akèh mati (kembali)
48. Kurang satu suku kata: wong Kumpêni samana prêrange bêlung (kembali)
49. Kurang dua suku kata: Kumpêni kathah pêjah (kembali)
50. Kurang satu suku kata: litnan kêkalih wus pêjah (kembali)
51. Kurang satu suku kata: Kumpêni pan sampun tintrim (kembali)
52. Kurang satu suku kata: ênêngêna pan samana (kembali)
53. Kurang satu suku kata: Kumpêni kang anèng palwa (kembali)
54. Kurang satu suku kata: Kumpêni sampun miyarsa (kembali)
55. Kurang satu suku kata: wong Kumpêni antintrim sadalu-dalu (kembali)
56. Kurang satu suku kata: Kumpêni sampun arakit (kembali)
57. Kurang satu suku kata: Kumpêni pangrahnya sisip (kembali)
58. Kurang satu suku kata: Kumpêni pan kathah pêjah (kembali)
59. Kurang satu suku kata: Kumpêni sampun udani (kembali)
60. Kurang stau suku kata dan guru lagu seharusnya: 7a, lah iya êntèkêna (kembali)
61. Kurang satu suku kata: tandangira Kumpêni sangsaya gugub (kembali)
62. Kurang satu suku kata: hèh Kumpêni dening kapati-pati (kembali)
63. Kurang satu suku kata: wong Kumpêni manahe sangsaya kukut (kembali)
64. Kurang satu suku kata: Kumpêni sampun uninga (kembali)
65. Kurang satu suku kata: wong Kumpêni mimise kêdhik kang kantun (kembali)
66. Kurang satu suku kata: Kumpêni pan kagegeran (kembali)
67. Kurang satu suku kata: tambure brang-êbrangan (kembali)
68. Kurang satu suku kata: wong Mandura akèh pêjah (kembali)
69. Kurang satu suku kata: Kumpênine sabrêgada (kembali)
70. sami (kembali)
71. Kurang satu suku kata: nêdya pêjah kewala (kembali)
72. Kurang satu suku kata: ênêngêna kang tugur nèng pan Jakarta (kembali)
73. Kurang satu suku kata: pun Kumpêni atintrim (kembali)
74. Kurang satu suku kata: wong Kumpêni ingkang têtulung ing benjang (kembali)
75. Kurang satu suku kata: wus angrasa wong Kumpêni (kembali)
76. Kurang satu suku kata: tan anyana mênang (kembali)
77. Kurang dua suku kata: panggêdhene pan kêkalih kang winarna (kembali)
78. Kurang satu suku kata: ingkang dados têtindhih (kembali)
79. Kurag dua suku kata: samya angantêp jurit (kembali)
80. Kurang satu suku kata: wong Bali kathah pêjah (kembali)
81. rumangkang (kembali)
82. bêndhenira (kembali)
83. Kurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 6a, wong Bali kèh pêjah (kembali)
84. Kurang satu suku kata: pan wong Balambangan akèh ingkang pêjah (kembali)
85. Salarong (kembali)
86. Kurang satu suku kata: kêna dening upas (kembali)
87. Kurang satu suku kata: kang kêna tumbal mimis (kembali)
88. Kurang satu suku kata: ênêngêna wontên ta ingkang kocapa (kembali)
89. Kurang satu suku kata: wong Bali kèh pêjah (kembali)
90. Kurang satu suku kata: wong aprang kathah pêjah (kembali)
91. Kurang satu suku kata: kathah longe kang pêjah (kembali)
92. Kurang satu suku kata: akathah pêjah (kembali)
93. Kurang satu suku kata: prajurite samana akathah pêjah (kembali)
94. angungsi (kembali)
95. Kurang satu suku kata: akathah pêjah (kembali)
96. Salokantara (kembali)
97. tinarik (kembali)
98. Kurang satu suku kata: kae Ajar Salokantara wus pêjah (kembali)
99. cinatur (kembali)
100. raka (kembali)
101. Kurang satu suku kata: ulihêna mring nagara Balambangan (kembali)
102. ngundurakên (kembali)
103. Lebih satu suku kata: cacah sèwu kang wong (kembali)