30. Kinanthi

1. upacara sang aprabu | tinampanan dening pêri | sawarnane upacara | pêri ingkang anampani | manungswa datan uninga | gêgawane dèn gêntèni ||

2. sadaya sami gagêtun | kawarnaa sri bupati | lumampah kêkanthèn asta | sampun angambah jaladri | kadi ngambah ing dharatan | sakêdhap datan kaèksi ||

3. dening wadyabala agung | atembak anèng pasisir | pan pasisir [pasi...]

--- [173] [253] ---

[...sir] Pamancingan | prasamya angati-ati | kawarnaa sri narendra | wus ana madyaning jladri ||

4. prapta ing kadhaton sampun | alun-alune arêsmi | pacak sujine têmbaga | galedheganipun wêsi | botrawi angapit lawang | binatur sela candhani ||

5. papêthetan pinggiripun | sêkare asri angrawit | sêkare awarna-warna | pala gumantung andadi | samya ngêmohi sadaya | sawênèh kêmbang apêntil ||

6. sri narendra nulya laju | kandhêg ing witana asri | siniwi ing parayangan | bangsal pangrawitnya adi | sakanya sami tambaga | sirape salaka putih ||

7. binaturira pêrunggu | ing luhur salaka putih | witananya palênggahan | sami kancana kinardi | pinantèk ing nawa rêtna | palisire sutra putih ||

8. cêplonya[1] kancana wungu | pinantèk ing rêtna adi | kadi thathit aliwêran | dinulu lir lintang ngalih | palataran sinêbaran | sasotya kang alit-alit ||

9. nyai rara aris matur | dhumatêng raka narpati | sultan paduka katuran | pinarak sajroning puri | sri narendra sigra bubar | sampun munggwing ing satinggil ||

10. sri narendra sigra laju | wus rawuh mring dalêm puri | sampun prapta ing kadhatyan | pinarak nèng kanthil rukmi | nyai rara tan atêbah | alênggahira sumandhing ||

11. pan asri kumêndhung-kêndhung | palisirira cawêni | cinêplok ing nawa rêtna | pinggir kinarya kakitir | rênyêp-rênyêp kadi lintang | pinalisiran cawêni ||

12. rinarêngga abra murub | isèn-isèn dalêm puri | sêsotya [sê...]

--- [174] [254] ---

[...sotya] di abra muncar | pinatik nila widuri | ting cêlèrèt kadya kilat | anglir kaswargan angalih ||

13. sultan minggah jinêm arum | ni rara tansah kinanthi | sampun prapta pasareyan | saksana samya aguling | tutug dènnya sacumbana | wus bêdhah kutha ing Mêsir ||

14. Nyai Kidul nulya matur | dhatêng kang raka narpati | kawula atur uninga | ing mangke paduka gusti | mèh puput inggih paduka | inggih karsane Hyang Widhi ||

15. amung kantun kalih taun | jêngandika yèn marêngi | ngaliha saking Mataram | atilara bala mantri | putra kalawan santana | inggih wau sri bupati ||

16. pasthi inggih ta pukulun | botên mawi mati-mati | tumêkaa ngakir jaman | gumujêng sri narapati | ywa mangkono sira mirah | dening sira sih ing mami ||

17. kaya ngapa mirah ingsun | yèn kalakona angalih | dening saking marmanira | alah iya ingsun yayi | kayangapa yèn ngaliha | saking nagara Matawis ||

18. sakèhe lêluhur ingsun | pinêtak anèng Matawis | wong Jawa yutan awêndran | sêbute duk maksih urip | ingsun sajatining janma | pasthine kalamun mati ||

19. sakathahe ingkang tuwuh | iku mijil saking jalmi | êjim pêri parayangan | miwah setan lawan eblis | tan padha lawan manungsa | sakathahe kang kumêlip ||

20. amiyarsa Nyai Kidul | ing pangandika narpati | akèh karasa ing nala | sumungkêm sarwi anangis | angrasa yèn kaluputan | datan bisa anauri ||

--- [175] [255] ---

21. sang dyah nangis pakonipun | sêsambate ngasih-asih | matur dhumatêng kang raka | dhuh kangmas Prabu Matawis | kawula gusti nanêdha | dadosêna jalma malih ||

22. jêngandika ratu agung | trus ing tingal tur asêkti | kasusra ing tanah Jawa | yèn andika ratu adil | angruwat sang lir tumitah | tan ana angkêr asingit ||

23. panjênêngan sang aprabu | apan sampun dèn lilani | saking nagara ing Mêkah | ing Jawa tan ana tandhing | jumênêng Sultan Mataram | para ratu sami ngabdi ||

24. dika ruwat awak ingsun | pan kula asale jalmi | sri narendra angandika | dhuh yayi pan ora kêni | wus pasthi karsaning Suksma | datan kêna owah gingsir ||

25. dene sira lamun tuhu | asaling sujalma dhingin | ing benjang ari kiyamat | sira anunggala jalmi | sang dyah anangis kewala | sêsambate amlasasih ||

26. sang dyah asru tangisipun | sumungkêm pangkon narpati | sarwi anyêkêli asta | dhuh kakang sultan dèn aglis | ruwatên badan kawula | kapengin dadia jalmi ||

27. sang nata sigra anulung | anyêndhal cindhe sumampir | sang dyah pan sampun ingêmban | rinungrum ingarih-arih | binêkta marang paprêman | ngidêrakên sarwa sari ||

28. pratamanan sri anglangut | bêbatur salaka putih | binacingah ing kancana | jêmbangan gêdhah ngidêri | binatur salaka mulya | gêdhah biru gêdhah putih ||

29. lir kaswargan yèn dinulu | warnane kang tamansari |

--- [176] [256] ---

warnanên sri naranata | kang tansah angasih-asih | dhatêng sang dyah ayu rara | kang tansah dèn pituturi ||

30. sang dyah ayu sampun lipur | anulya kondur sang aji | pinarak bale kancana | tinatrapan ing rêtna di | tinarètès nawa rêtna | pinggire rinaja wêrdi ||

31. warnanya pating pêlancur | sampun pinarak sarimbit | sang rêtna pan liniyangan | mring raka Sultan Matawis | sang rara ayu amucang | kang raka angaras pipi ||

32. ingaras-aras lumintu | sang dyah ayu kongah-kangih | mèsêm sarwi angandika | mring raka Sultan Matawis | kawula matur sang nata | angaturi pamrayogi ||

33. inggih dhuwung sang aprabu | wasiyat inggih kêkalih | punika atur kawula | kabucala salah siji | kawula kang rumêksaa | sampun angèwêd-èwêdi ||

34. yèn paduka sampun ayun | pasthi punika winaris | têmah dadi rêrêbatan | wontên narendra kêkalih | dadya èwêd wong Mataram | wêkasan atêmah jurit ||

35. angandika sang aulun | sira bênêr iku yayi | pemutira marang ingwang | besuk pun buwang satunggil | yayi mas kang nampanana | Si Sangkêlat kêris mami ||

36. lah kariya jiwaningsun | manira akarsa mulih | pan inganti wadyaningwang | ana pinggiring pasisir | Sang Dyah Rara awotsêkar | kawula turut sang aji ||

37. yèn paduka sampun rawuh | ing kadhatonya Matawis | kawula inggih mantuka |

--- [177] [257] ---

ing samadyaning jaladri | sang nata ngaras kang garwa | lah ta payo nimas yayi ||

38. sang dyah kêkanthenan sampun | asta kalawan kang rayi | jim pêri lan parayangan | sadaya samya angering | sarwi ambêkta ampilan | yèn tinon kalangkung asri ||

39. sang nata nulya lumaju | angambah sirèng jaladri | anglir ngambah ing dharatan | obah agêng anèng ngarsi | lesus agung pôncawara | samya lumampah ing ngarsi ||

40. wong Mataram sampun wêruh | lan wontên ingkang kariyin | barat agêng pôncawara | pasthi rawuh sri bupati | pan sampun saosao sadaya[2] | miwah wadya kang angampil ||

41. sang nata sampun kadulu | miwah upacara adi | kang bêkta datan katingal | pan sampun prapta ing pinggir | sampun sami tinampanan | kadya lumampah pribadi ||

42. anulya sira sang prabu | garbonge kang dèn titihi | kalihan nyaine rara | nanging tan ana udani | lampahira rêreyongan | dinulu langkung arêsmi ||

43. datan kawarna ing ênu | sampun rawuh sri bupati | Sang Dyah Rara pêpamitan | kakang kawula yun mulih | sang nata angaras siswa | ingsun tilarana yayi ||

44. gantènira nimas ingsun | sun karya panamur wingit | sang dyah jiwit sarywa ngucap | dhuh lamis têmên wong iki | sasampunira amucang | gantèn katur saking nglathi ||

45. tinampan waja sang prabu | ingaras awanti-wanti | sang ayu nulya lumampah | mèsêm sarwi nolih-nolih | sang nata anut ing tingal | wus luwês dènnya lumaris ||

46. sigra ngadhaton sang prabu [pra...]

--- [178] [258] ---

[...bu] | pinêthuk ing para rabi | sampun praptèng dalêm pura | wong ing jro samya angampil | sang nata sampun pinarak | dening sakèh para rabi ||

47. tan kawarna lamènipun | mangkana sri narapati | apan sampun apêputra | pan inggih jalu kêkalih | ingkang sêpuh rajaputra | pan sampun amawi krami ||

48. Surabaya putrinipun | kang anama Ratu Pêkik | ingkang anom rajaputra | anama Radyan Mas Alit | datan kawarna laminya | mangkana sri narapati ||

49. wus tutug samayanipun | sampun jangkêp kalih warsi | anulya gêrah sang nata | ingadhêp ing para rabi | sang nata aris ngandika | akèn nimbali ing mantri ||

50. Tumênggung Wiragunèku | tinimbalan praptèng ngarsi | sang nata aris ngandika | lah ta kêris ingsun iki | buwangên marang sagara | aja angêwuh-ewuhi ||

51. lamun ingsun têkèng surud | aja na ratu kêkalih | yèn maksih roro masiyat | pasthi iku dipun waris | dhuwung ingsun Si Sangkêlat | labuhên anèng jaladri ||

52. Wiraguna tampi dhuwung | anulya sira lumaris | datan kawarna ing marga | prapta têpining jaladri | wontên alun agêng prapta | punika kang anampani ||

53. dhuwung pan sampun linabuh | Ki Wiraguna wus mulih | sampun prapta ing kadhatyan | wus katur dhatêng sang aji | sang nata aris ngandika | lah undangên putra mami ||

54. lawan sanak-sanak ingsun | kang kinon nêmbah lumaris | ingkang putra tinimbalan | Pangeran Purubayèki | wus prapta ngarsa sang nata | dèn awe dening sang aji ||

55. angandika sang aulun | lah kakang manira iki | prapta ing dina wêkasan | sihing Hyang marang sun iki | lah kakang wêkas manira | dèn apênêt-pênêt [apênêt-pênê...]

--- [179] [259] ---

[...t] kari ||

56. Pangran Purubaya matur | sintên kang yogya gumanti | kangjêng sultan aris mojar | kakang karsaningsun mangkin | putraningsun kae Arya | Mataram ingkang gêntèni ||

57. dening putraningsun sêpuh | layak jumênêng narpati | dening arine ki jaka | puniku milua mukti | sang nata sampun mamêkas | gurnita swara nauri ||

58. gunung Marapi gumludhug | miwah swaraning jaladri | sarta barat lan ampuhan | saha udan riwis-riwis | sang nata sampun sinundhang | sigra mapad sri bupati ||

59. kang tangis umyung gumuruh | garwa lawan para sêlir | wong dalêm sami karuna | sêsambate amlasasih | kang putra kalih karuna | asarwi samya nungkêmi ||

60. jro pura swaranya umung | gègèr wadya ing Matawis | wong cilik samya puyêngan | kawarnaa sri bupati | kang layon wus siniraman | anulya dipun ulêsi ||

61. nulya sinalatkên sampun | layon wus munggwing kanthil | asampun nulya binêkta | pinikul ing para mudin | kang garwa samya karuna | miwah ingkang para sêlir ||

62. sampun miyos ing kadhatun | binakta dhatêng Magiri | pan sampun prapta ing arga | layone sultan wus manjing | mring kaluwat lêlandhakan | apan sampun dèn urugi ||

63. kaum maca donga sampun | anulya prasami mulih | garwa kalawan santana | miwah ingkang para mantri | prasami kawêlasarsa | sinambêran dhandhang muni ||

31. Dhandhanggula

1. kala samana dèn sangkalani | bujôngga manggih wisiking nata | poma èngêthna kabèh |[3]

--- [180] [260] ---

wadya pan sampun rawuh | ing pasowan atata linggih | pêpak wadya ing Mataram[4] | anèng alun-alun | pan samya arêrêmbagan | kang jumênêng narendra anèng Matawis | mantri pêpak sadaya ||

2. kawarnaa wau sri bupati | Purubaya wus anèng paseban | alinggih nèng paglarane | pangandikanya asru | wong Mataram wruhanirèki | nagara ing Mataram | ingsun kang jêjuluk | ora nanane sang nata | iya ingsun kang parentah ing Matawis | sapa ingkang malanga ||

3. têkakhnê ing karosannèki[5] | sakathahe santana Mataram | ingsun mungsuhira mangke | pra santana tumungkul | pra dipati prasamya ajrih | mantri wêdi sadaya | tan ana kang purun | mring Pangeran Purubaya | sami anut tan ana suwalèng budi | datan lêngganèng karsa ||

4. Adipati Purubaya angling | ingkang putra anulya ingangkat | Pangran Arya Matarame | linênggahakên sampun | ing dhêdhampar gadhing rinukmi | kasur babut sinulam | linênggahan sampun | Jêng Pangeran Purubaya | sigra lèngsèr pinarak lan pra dipati | kagyat para santana ||

5. sakathahe mantri ing Matawis | nora nyana yèn Pangran Purbaya | mêngko karsane samene | dadya sangsaya takut | sakathahe mantri Matawis | sami ngangkat sadaya | tan ana kang nyandhung | para santana sadaya | tuwa anom sadaya sami ngèstrèni | dhatêng sri naranata ||

6. Dhatuk Sarip miwah para alim | myang pandhita ngèstrèni sadaya | pangulu lawan kêtibe | donganipun jumurung [jumu...]

--- [181] [261] ---

[...rung] | yèn Pangeran Arya Matawis | jumnêng ing Mataram[6] | amêngku kadhatun | jumnêng Kanjêng Susunan[7] | Amangkurat Senapati Tanah Jawi | jêjuluk Ngabdhurrahman ||

7. Sayidina Nata ing Agami | wong Mataram pan otêr sadaya | miwah pra dipati kabèh | môncanagara takut | wong pasisir prasamya ajrih | tan winarna laminya | dènnya madêg ratu | ing Mataram bangun karta | wus kasusra ing tanah sabrang narpati | ratu tanpa sisihan ||

8. tan winarna laminya ing mangkin | sri narendra arsa siniwaka | ing dina Soma mangsane | upacara wus mêtu | sri bupati anulya mijil | ginarbêg ing badhaya | kèhnya pitung puluh | sami lumampah nèng ngarsa | sami ngampil upacaranira asri | banyak mas lan menthok mas ||

9. kêkacu mas lawan sawunggaling | kang capuri gandhèk anèng ngarsa | ardawalika jajare | waos ampilanipun | samya ngapit ing kanan kering | pdhang lawan sarampang[8] | parêk lan sang prabu | magêrsarine akapang | tawok tulup panah pdhang tamèng tamsir[9] | amyang kang tumbak sulam ||

10. priyantaka munggwing ngarsa têbih | saragêni ajajar ratarap[10] | kêkadha ngapit margane | sang prabu wus tumurun | ing satinggil lampahnya aris | dhatêng bangsal witana | pagêlaranipun | wus pinarak nèng dhêdhampar | sri narendra citranya tuhu apêkik | watêk prabu taruna ||

11. cahyanira sang nata nêlahi | warnanira lir pendah sasôngka | mêntas kagrahan atrange | riyêm-riyêm masêmu | cahya wêning lir mas sinangling | lir Hyanghyang Kamajaya | sêdhênge tumurun | saking swargan marang |

--- [182] [262] ---

dunya | wong Mataram sadaya awêdi asih | mring Prabu Amangkurat ||

12. kang aseba ngapit kanan kering | wong kapêdhak ing wuri sang nata | gêdhong lan pamajêgane | lirna kapdhak agung[11] | Jagabaya ing kanan kering | sisih wong Angkraknyana | pinilih sumambur | Kartiyasa Wisamarta | lan wong magang Yudamanggala anangkil | katanggung jajarira ||

13. Wirabraja aseba asisih | Brajanala lawan Patrayuda | kanoman ika jajare | gandhèk seba ing ngayun | mantri anom rada kapering | lan Wôngsanagara[12] | sisih Martalulut | Margôngsa gowong ajajar | Suranata kapering rada kawuri | niyaga wingking wetan ||

14. myang wong gamêl ing ngarsa kapering | pan punika anikil[13] sadaya | pra bupati ngarsa kabèh | santana sêpuh-sêpuh | Jêng Pangeran Purubayèki | Pangran Silarong ika | jajare alungguh | lan Pangeran Pringgalaya | Têpèngsara Prawiratruna anangkil | Pangeran Martapura ||

15. Adipati Pugêr pan anangkil | jajarira Pangeran Balitar | Dipati Mangkubumine | lan Wiramanggalèku | Têpasana Sebajayèki | lawan Kusumayuda | Dêmang Malangipun | lan Radyan Wiranagara | Wirasari kalawan Wiramaantri | Radyan Wiradipura ||

16. pan punika santana narpati | pan akathah ingkang kalangkungan | saking cupête budine | Tumênggung Singaranu | kang sumambung santana aji | sadaya pan jajarnya | pêpakan supênuh | numbakanyar sinambungan | wong pasisir sadaya samya anangkil | miwah môncanagara ||

--- [183] [263] ---

17. ingkang sadhèrèk sri narapati | Jêng Pangeran Arywa wastanira | Danupaya pamomonge | ajajuluk tumênggung | Jêng Pangeran Ariya nênggih | dawêg kumala-kala | ika wayahipun | nanging dèrèng mawi krama | pan wus nangkil munggwing ngarsane narpati | jajar lawan santana ||

18. angandika sang sri narapati | hèh sakèhe wong ingsun Mataram | padha anyandhaka kabèh | ing mangke karsanisun[14] | kitha arta ingsun alihi | akarya kitha bata | palèrèt ta ingsun | satilase kangjêng rama | datan purun ingsun arsa sun ingsêri | karya yasa priyôngga ||

19. lan maninge ingsun mirsa warti | Balambangan ing mêngko rinêmbat | marang wong Bali wartane | iya Si Tawangalun | wus angidhêt[15] marang wong Bali | lah uwa Purubaya | dika kula tantun | kadipundi solah dika | botên sagêt yèn lampahana tumuli | uwa dika pikira ||

20. Jêng Pangeran Purubaya angling | yèn suwawi dawêg linampahan | kinawonakên jurite | lamun kawon kinilun | binoyongan aja na kari | môngsa wande punika | anggèr dados mungsuh | sri narendra angandika | sapa sintên uwa yogyane tinuding | anglurug Balambangan ||

21. Adipati Purubaya angling | botên kenging yèn kula matura | langkung karsa nah ing anggèr | angandika sang prabu | lah ta Wiraguna sirèki | sira pan adandana | sira sun kon nglurug | Si Tumênggung Danupaya | rowangira angirida wong Matawis | lan wong môncanagara ||

22. lah Tumênggung Mataram [Matara...]

--- [184] [[264]] ---

[...m] sirèki | angirida pasisir sadaya | mêtua laut jurite | nanging ta putraningsun | Ki Dipati Sampang sirèki | aja milu ayuda | iku karsaningsun | anging ta sira tuduha | para mantri sapa ta ingkang prayogi | matur Dipati Sampang ||

23. sampun jêngkar sang nata tinangkil | wus malêbêt anèng dhatulaya | warnanên para mantrine | Tumênggung Singaranu | angundhangi mring wong Matawis | padha sira nyithaka | palèrèt gènipun | pan sampun nyithak sadaya | kawarnaa Tumênggung Wiragunèki | sampun sami adandan ||

24. miwah pasisir môncanagari | ingutusan kinèn asaosa | wus ajangji patêmone | Ki Wiraguna sampun | sakancane anuwun pamit | nanging tan winiyosan | dening sang aprabu | akinèn bubar kewala | sigra bubar Tumênggung Wiragunèki | Tumênggung Danupaya ||

25. sakancane pan sampun lumaris | Ki Tumênggung wau Wiraguna | Ki Danupaya rewange | dening kyai tumênggung | ing Mataram marang pasisir | kinèn anjênêngana | kang ajaga laut | wadya pasisir sadaya | nanging Adipati Sampang tan umiring | maksih anèng Mataram ||

26. tan winarna laminya ing mangkin | ingkang nglurug datan cinarita | akarya pan sampun akèh | kinarya bata sampun | wong Mataram anambut kardi | hnêngêna samana[16] | agantya winuwus | Pangeran Arywa winênang | duk pinarêk ing dalêmira siniwi | Tumênggung Pasisingan ||

27. marêk dhatêng Pangeran Arywa di | anakira aran Agrayuda | amung punika rewange | Kya Pasingsingan matur |

--- [185] [[265]] ---

kadipundi paduka gusti | dening kèndêl kiwala | kawula nênuhun | ing mange punapa karsa | raka dika sampun jumnêng narpati[17] | sampeyan têka eca ||

28. Jêng Pangeran Arywa ngandika ris | apan ingsun tan sêdya mangkana | mring kakang êmas jênênge | pan sanak ingsun sêpuh | kang prayoga jumnêng aji[18] | gêntèni kanjêng rama | wong Mataram rêmbug | gènnya gêntèni jêng rama | nèng Mataram pan yogya sun abêktèni | ingsun ngaub ing kakang ||

29. Ki Tumênggung Sisingan yya angling | adhuh gusti anggèr tan mangkana | jêngandika pangandêle | nanging pangaos ulun | datan eca tuwan lampahi | dening tingal kawula | paduka pukulun | sami-sami lan kawula | dede pantês sadhèrèke sri bupati | taksih nglampahi papa ||

30. pan kawula amiyarsa warti | sawêlinge rama jêngandika | ing Mataram sapungkure | kinèn sami apatut | gih paduka kinèn amukti | sosoraning narendra | ing mangke pukulun | jêngandika maksih nistha | taksih sami kalawan mantri Matawis | punika tur kawula ||

31. raka dalêm yèn sumêdya bcik[19] | yèn paduka sinung kawibawan | linuhurakên lênggahe | inggih pangraos ulun | dipun raos ngèwêd-èwêdi | mila atur kawula | gusti mangke mupung | wong Mataram kathah kesah | ingkang kantun pan sami anambut kardi | kathah wong angrêsula ||

32. lan malihe kawula akait | lawan mantri Mataram sasigar | inggih kang sami kajênge | samangsane pukulun | jêng pangeran nindaki jurit | pasthi tumut sadaya | rencang sami rêmbug [rêmbu...]

--- [186] [[266]] ---

[...g] | kamanisên Pangran Arywa | Pasisingan pan aja tari mring mami | ingsun darma punapa ||

33. anaria mring lêlurah mami | pan jalukên lilahe sadaya | wong akèh apa karêpe | Pasisingan amuwus | mring lêlurah kang agêng alit | [...][20] | inggih lêrês jêngandika | sampun tita pangarêp-arêp kang asih | Susunan ing Mataram ||

34. jêng pangeran angandika aris | yèn mangkono iku karsaningwang | nanging ta padha dèn rèrèh | sun raose rumuhun | pan maninge ana ngong anti | si bapa Danupaya | kang lunga anglurug | umatur Ki Pasisingan | kadar pintên angantosi wong satunggil | ing mangke kalamangsa ||

35. pan kawula inggih sapuniki | apan sampun dipun kira-kira | dening wong Mataram kabèh | winastanan anjunjung | mring paduka madêg narpati | yèn botên têmuntêna | pan kawula lampus | susunan sampun miyarsa | pan uninga yèn kawula salah ati | angangkat mring paduka ||

36. inggih kajêng kawula ta gusti | yèn alawan mila karsa tuwan | kawula prih silib bae | samôngsa-môngsanipun | katungkula wadya Matawis | kula amuk kewala | saking seban kidul | nanging gusti jêngandika | lamun wontên gègèr kabèh wong Matawis | tuwan sampun sulaya ||

37. jêng pangeran angandika aris | Pasisingan apa karêpira | ingsun têka dhèwèk bae | Pasisingan umatur | adhuh gusti sampun kuwatir | inggih dipun pracaya | kawula anuhun | ayun mantuk rêrêmbagan | Pasisingan anêmbah gya mundur aglis | mantuk mring wismanira ||

--- [187] [[267]] ---

38. tan kucapa Singsingan ta iki | kawarnaa Pangeran Purbaya | lumêbêt kadhaton age | seba marang sang prabu | sampun prapta sajroning puri | angaturi uninga | ingandikan laju | sapraptanira ngajêngan | wus alênggah ing ngarsanira narpati | sang prabu angandika ||

39. inggih uwa punapa ta kardi | kadingarèn malêbêt ing pura | pangeran alon ature | kawula angsung wêruh | rayi tuwan Radèn Mas Alit | samangke ingadonan | kalih pun Tumênggung | Pasisingan ingkang ala | rayi dika pinrih purun ing narpati | angêrbat palênggahan ||

40. yèn tan nuntên pinapas tumuli | rayi dalêm pasthi kababaran | punika ing satêmahe | pun pasisingan baud | pasthi rayi paduka aji | dèrèng wruh ing wiweka | watêk maksih timur | ginunturan ing wong ala | pasthi dipun punika têka nuruti | amêngsah sri narendra ||

41. sri narendra kumêjot kang lathi | amiyarsa aturing kang uwa | duka sajroning manahe | dènnya ngandika asru | lah uwa ing karsa mami[21] | yèn têmên ingkang warta | iku karsaningsun | Si Tumênggung Pasisingan | pinatenan wiyahèn[22] yèn datan mati | pasthine dadi gêndra ||

42. jêngandika uwa benjing enjing | mêdalana karya patabatan | Pasisingan bubuhane | pan wus sami anambut | Pasisingan yèn sampun prapti | anuli sudukana | dening sirahipun | uwa katura maringwang | Jêng Pangeran Purubaya sigra amit | dhatêng sri naranata ||

43. Pangeran Purubaya wus mijil | saking pura gya mantri Mataram | sampun winangsitan kabèh | sami prayitna |

--- [188] [[268]] ---

sampun | tan kawarna mantri Matawis | enjinge kang kucapa | pangeran wus mêtu | jêjênêngi mring patatan | wong Mataram eca dènnya nambut kardi | saprênah-prênahira ||

44. hnêngêna kang anambut kardi[23] | Tumênggung Pasisingan winarna | wus rêmbug lawan putrane | kang nama Grayudèku | apan sampun winêling-wêling | lah poma kulub sira | ngaria karuhun | lan sakulawarganira | iya padha apadandana[24] tumuli | sakapraboning yuda ||

45. dening ingsun kulub kang rumiyin | ingsun anambut karya bêbata | ana paseban kidule | yèn wong bêbata iku | wana-wanane yèn uwus mulih | dening ing mêngko sira | sun utusi iku | anuli sira praptaa | lan sagêgamanira aja na kari | sasampuning mamêkas ||

46. Tumênggung Pasisingan sira glis | sampun mangkat saking wismanira | prapta paseban kidule | praptane ki tumênggung | lampahira andingkik-dingkik | ngulap-ulap amawang | wong nambut karyèku | Jêng Pangeran Purubaya | wus uninga Pasisingan lagi prapti | pan sampun rinakitan ||

47. pan wus cêlak cinêluk amanis | Ki Tumênggung Sisingan dèn inggal | lah ta linggiha ing kene | sigra mlampah agupuh | Pasisingan prapta ing ngarsi | lampahe sigra-sigra | praptèng ngarsa lungguh | mantri sampun kinêjiban | sakathahe wus sami uningèng wasit[25] | nuli sami narajang ||

48. Pasisingan sampun dèn suduki | datan kongsi sagêd amalêsa | tan kongsi ngunus dhuwunge | Pasisingan wus lampus | ingkang ngiring ebat ningali | gya lumayu sadaya | wau murdanipun | Pasisingan wus tinigas [ti...]

--- [189] [[269]] ---

[...nigas] | gya jinambak kang murda sampun cinangking | pan sampun winadhahan ||

49. wus akatur dhatêng Sri Bupati | Purubaya saksana binakta | marêk ing sang prabu age | kang pura karsa iku | hnêngêna ingkang rumiyin[26] | warnanên Agrayuda | anèng wismanipun | pun wus sinungan wruh ika | yèn kang rama sampun anêmahi pati | mastaka wus tinigas ||

50. apan pêjahe dipun suduki | Agrayuda anulya karuna | abela ngamuk karsane | gya ngrasuk busana wus | anyariga[27] kêris cinangking | sigra anitih kuda | nyandêr lampahipun | sarwi ngagêm waosira | kulawôngsa binêkta ngical ing margi | Grayuda kadhewekan ||

51. sapraptane wau pôncaniti | Argayuda sampun rinakitan | Argayuda pangamuke | pan kadhewekan iku | pira kuwate wong sawiji | Agrayuda wus pjah[28] | wau patinipun | apan anèng pamanggahan | wus tinigas murdane Agrayudèki | kucapa sri narendra ||

52. apan sampun ingaturan uning | pun Sisingan apan sampun pêjah | Argayuda panusule | matine ngalun-alun | murdanira tinigas mulih | sigra sri naranata | nulya miyos gupuh | siniwi nèng pagelaran | wus pinarêk bangsal witana ing nginggil | ya ta Pangran Purbaya ||

53. sampun marêk mring sri narapati | sarwi nyangking pan ingkang nawala | wus ingaturakên age | angandika sang prabu | marang wariwaraning èstri | lah Tajêm timbalana | iya ariningsun | adhi mas sira waraha | lamun ingsun saking lami tan pinanggih | kangên mring kang salira ||

--- [190] [[270]] ---

54. iya lawan sapindhahe malih | dening gon ingsun madêg narendra | durung duwe kadhatone | pan lagi karsaningsun | pan si adhi sun kon jênêngi | ingsun dèn kayanana | kadhaton kang luhung | Nyai Tajêm sigra mentar | tan asuwe lampahe pan nulya prapti | dalêm kadanupayan ||

55. apan pangeran sampun apanggih | nulya dhawuhakên kang timbalan | kawula ingutus anggèr | mring raka dalêm prabu | gih paduka dipun timbali | dèn enggal lampah tuan | lah dandana gupuh | mila tuwan tinimbalan | saèstune paduka kinèn jênêngi | gèn nata karya kitha ||

56. wong Mataram kang anambut kardi | kitha punika mila pangeran | kinèn jênêngi wiyose | sigra pangeran gupuh | sigra dandos anulya mijil | kapal wus anèng ngarsa | tinitihan sampun | turôngga sigra kinêtab | nandêr nongklang lampahira sang apêkik | tan mawi upacara ||

57. tan asuwe lampahira prapti | ngalun-alun pangran wus tumêdhak | gya minggah satinggil age | prapta ngarsa sang prabu | jêng pangeran sampun alinggih | sang nata sigra nyandhak | mastaka ginantung | dèn uncalkên arinira | ing ngarsane lah iku rupane adhi | kang arsa junjung sira ||

58. pangran kêbat dènnya ngunus kêris | agya mastaka kang tinadhahan | cinacah-cacah murdane | sarwi ngandika asru | dening têka ngèmbèt-èmbèti | Pasisingan patinya | nora têka lampus | munduran nilar pucapan | apan ingsun nora sêdya nora ngimpi | amungsuh kakang nata ||

59. mati têka nora tulus mati | têka sira gêgawa maringwang |

--- [191] [271] ---

angrêrèndèng ing bcike[29] | sang nata ngandika rum | lah ta kaya apa ta adhi | aku ing ujarira | kang rayi wotsantun | ature dhatêng kang raka | sri narendra kawula datan angimpi | inggih nêdya punika ||

60. inggih botên nêdya êsir lair | pan kawula lila ing paduka | rèh tuwan umadêg rajèng | gêntosi rama prabu | pan sinêmbah uwong sabumi | myang dunung sêmbah amba | mung paduka prabu | sang nata ngrês manahira | amiyarsa ature arinirèki | sang nata angandika ||

61. alah uwis adhi mas ing mangkin | amung krêrigên lêluruhira | lan adhi mas pan akèhe | ujarira karungu | akèh-akèh karasa ati | kang rayi awotsêkar | inggih kakang prabu | polahipun Pasisingan | pan kawula saèstu botên udani | pan kajênge priyôngga ||

62. duraka punapa kang pinanggih | pan kawula purun mring paduka | kang rayi atur sêmbahe | saking ngarsa wus mundur | lampahira datan asari | wus rawuh dalêmira | tinimbalan sampun | sadaya lêlurahira | sampun prapta wong wolu kathahe nênggih | wastane kang lêlurah ||

63. kang atuwa wastane anênggih | Ônggapasra Ônggapati ika | lan Ônggayuda malihe | Patrayuda puniku | Ônggabaya Astraonggèki | Astrapati kalawan | pan Sastrapadèku | Wiralodra amamêkas | gih punika ingkang angabên-abêni | anênggih lênggahira ||

64. sosorane ki tumênggung nênggih | wus pêpakan timbalan sadaya | pangeran aris wuwuse |

--- [192] [272] ---

kabèh lêlurah ingsun | wruhanira mêngko sirèki | kabèh sira sun bônda | dhewe karsaningsun | padha sun gawa babadan | mring paseban sun aturkên kakang aji | dene ing mêngko sira ||

65. kabèh padha pinundhut sang aji | yakti mangko sun turakên sira | sadaya atur sêmbahe | gusti kawula nuhun | pasthi lamun dipun pêjahi | dhatêng sri naranata | gusti awak ulun | jêng pangeran angandika | apan ingsun tan wruh karsane sang aji | êmbuh mati uripa ||

66. nanging datan kuwasa wakmami | lêngganaa karsaning sang nata | marmane sira ing mangke | sun aturkên sirèku | sakarsane sri narapati | lêlurah kabèh samya | asangêt turipun | sadaya sami karuna | sarwi matur dhuh pangeran kadipundi | botên wande kawula ||

67. anêmahi pêjah ingkang abdi | yèn katura dhumatêng sang nata | amasthi pan botên wande | kawula têmah lampus | pan sadaya pan botên urip | kadospundi paduka | gusti wingkingipun | kadipundi solah tuwan | ingkang abdi yèn sampun sami nêmahi | lurah nangis sadaya ||

68. ingkang jawi samya mirsa warti | yèn ing jro gumrah swarèng karuna | prasami malêbu kabèh | praptè[30] jro milu umyung | inggih sami matur ing gusti | dhuh gusti sampun suka | abdine pinundhut | Ônggapatra Ônggayuda | Ônggapati sakancanira pan sami | matur mring gustinira ||

69. inggih môngsa wandeya nêmahi | ya ta Pangeran Arywa miyarsa | mring atur lêlurahe[31] | jêngêr tan bisa muwus | pan kèwêtan sajroning [sa...]

--- [193] [273] ---

[...jroning] galih | sigra kangjêng pangeran | aris dènnya muwus | lah kaya pa mêngko sira | ing budimu ing mêngko padha sun tari | lêlurah atur sêmbah ||

70. apan mangke ing paduka gusti | sampun gumrah pan arsa balela | yèn suwawi naking anggèr | sinambi lan satuhu | sakarsane sri narapati | inggih wus kula pastha | yèn tuwan prang pupuh | amêngsah raka paduka | sri narendra wadya Mataram sapalih | ingkang sampun karêmbag ||

71. samôngsa tuwan èstu nindaki | mangsah jurit mapan wong Mataram | sadaya mingêr barise | jêng pangeran amuwus | yèn mangkono uwus abcik[32] | lah uwis pradandana | kaprabon prang pupuh | hnêngêna Jêng Pangeran[33] | kawarnaa sri narapati tinangkil | dangu nganti rinira ||

72. ingkang rayi adangu tan prapti | sri narendra aris ngandikanya | mring mantri jêro kêkalèh | Dakawana ranipun | kang sawiji aran Sumêngit | aglis sira mintara | inggal ariningsun | lah payo sira nusula | pan adangu ngong anti Dyan Ki Sumêngit | lawan Andakawana ||

73. kalih sampun sami awotsari | gya tumundhuk malayuni kuda | wus sami nitih kalihe | anyandêr kalihipun | tan asuwe anulya prapti | dalêm kadanupayan | kalih wus tumurun | Ki Sumêngit gya angucap | maring wong kang cêkêlana kuda mami | sun dhawuhkên timbalan ||

74. wus amêdhun saking kudanèki | Ki Sumêngit prapta ing paseban | kinèn nimbali lakune | wau sira andulu | kang gêgaman jêjêl mênuhi | mêmiringi [mêmiring...]

--- [194] [274] ---

[...i] manahnya | Sumêngit dènnya wruh | iki bêbayani uga | yèn mangkono pangeran yèn èstu balik | mangkana ciptanira ||

75. kaya apa mêngko ingsun iki | yèn matura marang sri narendra | ngaturna pangran alane | pan ingsun iki durung | babak bunyak sarira mami | sapa ngandêl maringwang | katon uga ingsun | angadon-adoni rasa | pasthi ingsun pinatèn dening narpati | sanadyan sun matia ||

76. anglakoni parentah narpati | apan iya iki lakuningwang | wau lumêbu sira ge | Sumêngit lakunipun | sigra nulya amiyak baris | ingandhêg lampahira | mring kang tunggu pintu | Ki Sumêngit sru angucap | lah ta mêngko aja ta sira adhangi | ingsun iki dinuta ||

77. iya marang kangjêng sri bupati | animbali gusti jêng pangeran | kang tunggu lawang saure | ya mandhêga karuhun | ingsun atur uninga dhingin | anuli matur sigra | marang gustinipun | matur yèn wontên timbalan | sri narendra anginggalakên jêng gusti | kawulandhêg ing lawang ||

78. Jêng Pangeran Arya sigra angling | lah ta priye karsanya sadaya | lêlurah tur sêmbah kabèh | sadaya sarêng matur | pan suwawi lawan jêng gusti | punika pinêjahan | pan sampun sung wêruh | amrih kawula sadaya | sampun kongsi katur dhumatêng narpati | wus mufakat sadaya ||

79. jêng pangeran nulya sigra mijil | apan sampun angrasuk busana | sapraptane jawi age | Sumêngit wus kadulu | wadyanira pan dèn kêjèpi | Sumêngit [Sumêngi...]

--- [195] [275] ---

[...t] lagya ngucap | timbalan sang prabu | tinarajang ing ngiringan | pan sinuduk kagyat anjola Sumêngit | sêdhèt narik curiga ||

80. kinarubut sigra Ki Sumêngit | ing ngakathah tan olih malêsa | Sumêngit wus pjah age[34] | Andakawana ngrungu | rame ing jro paseban nênggih | Sumêngit pinêjahan | Dakawana gupuh | kudane pan wus ciningklak | gya kinêtab anyandêr lampahirèki | praptèng ngarsa sang nata ||

81. pan umatur sarwi kêmpis-kêmpis | pan kawula ingutus punika | rayi paduka ing mangke | èstu ing awonipun | inggih sampun amêpak baris | pun Sumêngit punika | pinêjahan sampun | wau sawingking kawula | rayi dalêm lumampah nindhihi baris | angamuk karsanira ||

82. samya ngantêp ngamuk ing narpati | kagyat tyase sang nata miyarsa | sakalangkung panjêngêre | mirsa ing aturipun | ing utusan mantuk satunggil | sang nata angandika | mring kang uwa wau | inggih uwa Purubaya | kadipundi putra andika si adhi | ngamuk datan mundura ||

32. Durma

1. Jêng Pangeran Purubaya aturira | sampun karsaning Widhi | rayi jêngandika | tan kêna sinuwalan | saking tiwas kawulèki | tan kèdhêp ingwang | pitutur angaturi ||

2. lah ta uwa mangke yèn si adhi sida | pan inggih ngantêp jurit | ing karsa manira | saprayoganing lampah | nging aja tumêkèng pati | olèha pira | pêpati ing Matawis ||

--- [196] [276] ---

3. atusana èwun alêksan kêthèna | dèn amuk mring si adhi | aja na anglawan | dèn kêpunga kêwala | sun prih têkaa mariki | manawa kêna | sun pituturi ririh ||

4. sampun mijil Jêng Pangeran Purubaya | undhang wadya Matawis | miyarsa sadaya | hnêngêna samana[35] | warnanên Radyan Mas Alit | sampun lumampah | sawadyanya angiring ||

5. jêng pangeran warnanira kadi babang[36] | mudhun saking ing ardi | anyamping samboja | paningsêt cindhe kêmbang | rasukan baludru wilis | murub rinenda | lancingan panji-panji ||

6. ajamang mas kinatipa tinatrapan | samaile rinakit | dhuwung anyuriga | Setankobêr wastanya | gumrudug lampahnyanèki | prapta ing ngarsa | gègère tan sinipi ||

7. jêng pangeran aris dênira ngandika | hèh sakèhing pawèstri | aja na kang obah | têka apêpasara | môngsa ngaraha pawèstri | pan karsaningwang | sira kang sun kukuhi ||

8. jêng pangeran wus prapta ing pangurakan | dangu dènnya anganti | mantri ing Mataram | kang sami asamaya | pangeran ngandika aris | hèh wong Mataram | padha angapirani ||

9. ing sanggupe samôngsa ingsun ngamuka | mingrê milu ing kami | mangko padha sigra | ya ta wong pangeranan | uninga yèn wong Matawis | citra[37] ngubaya | prasamya anglolosi ||

10. winantara mung kari wong kawan dasa | pangeran sigra angling | lah kaya ngapa[38] | pasthi sun undurana | pan wus karsaning Hyang Widi | sigra umangsah | arsa angamuk wani ||

--- [197] [277] ---

11. wong Mataram baris alun-alun aglar | nulya tinêmpuh wani | sing pinarak bubar | pan ora linawanan | mung bature kang kêpêncil | wong Danupayan | punika dèn patèni ||

12. lêlurahe sami adarbe pangarsa | inggih sampun ladosi | kucaping carita | Pangeran ing Madura | pangeran dèn palayoni | ing ngarsanira | angaturi prakawis ||

13. wus aprapta ngarsaning kangjêng pangeran | sampeyan dèn sungkêmi | aris aturira | adhuh gusti pangeran | ing mangke ta kadipundi | karsa paduka | inggih makatên gusti ||

14, ing paduka dene pan salah balela | mungsuh mring raka aji | Mataram punika | kagunganing paduka | kang jumnêng ing Matawis[39] | raka andika | sampeyan tumut mukti ||

15. raka dalêm gagêntine rama tuwan | kawula angaturi | sampeyan kundura | sampun kados punika | punapa têmahan gusti | awon kapirsa | ing lyaning kanan kering ||

16. jêng pangeran aris dènira ngandika | Sampang aja baribin | ingsun kapakna[40] | pan wus karsaning Suksma | pan ingsun nora gumingsir | talitiningwang | yèn bèbèting Matawis ||

17. nora nana lokane cidra wacana | yèn wus ujare uwis | tan wêdi ing pêjah | Sampang lah wis mundura | aja ta amêmalangi | Pangeran Sampang | ature ngasih-asih ||

18. jêng pangeran sampun liwung manahira | sigra anarik kêris | hèh Sampang ta sira | dening papa kèdhêpa | anuli dipun larihi | cacêngêlira | Dipati Sampang mati ||

19. pra santana Mataram gègèr sadaya | nèng ngandhaping [nga...]

--- [198] [278] ---

[...ndhaping] waringin | lèring pagêlaran | Pangeran Silarongan | awas dènira ningali | Dipati Sampang | lamun sampun ngêmasi ||

20. angandika mring sakèhe wong Madura | gustinira ngêmasi | gumuling ing lêmah | ika sira rêbuta | wong Sampang sira ningali | santananira | mangsah sarwi anangis ||

21. wong Madura kumêrab abalanira | arsa angrêbut gusti | pangeran uninga | yèn wong Sampang narajang | pan sampun angati-ati | lêlurahira | kathahing ingkang kari ||

22. wong sakawan kalih ta ing êmbanira | Kanêm ingkang kêkalih | lan talèdhèk lanang | pangeran anarajang | wong Madura anadhahi | sinosok tumbak | kinarutug ing bêdhil ||

23. jêng pangeran pangamukira anêngah | lir Bimanyu ajurit | rinêbut ing rana | dening Sata Kurawa | winaos ing ngarsèng wuri | lêmbing brêkolang | saligi amalahi ||

24. wong Madura kathah lènge ingkang pêjah | kaprawasa ing kêris | pan kakehan lawan | pangeran karepotan | kêna ing dhuwung pribadi | bucêk satuma | pangeran wus ngêmasi ||

25. wong Mataram saparo rêbut bêndara | pan sami aningali | kakêtêg tan ana | lan tatu katingalan | bucêk sarira kaèksi | pangrasanira | pangeran nora mati ||

26. jêng pangeran binabayang mring pagongan | sakèhe wong Matawis | ingkang angrêrômpa | sakathahing santana | atêbah jaja sarywa ngling | dhuh gustiningwang | wus karsaning Hyang Widhi ||

27. Jêng Pangeran Salarong [Sala...]

--- [199] [279] ---

[...rong] sigra mariksa | apane ingkang kanin | katur bucêkira | pangeran angandika | pasthi iku lamun mandi | luwange saban | Si Setankobêr dhimin ||

28. sok tibaa pucuke agawe rôndha | hnêngêna dipati[41] | warnanên pangeran | layone wus binakta | marang ing bangsal pangapit | katur ing nata | duka yayah sinipi ||

29. nulya miyos kang ibu lawan sang nata | kang rayi dèn tangisi | pra êmban karuna | sêsambat amlasarsa | dhuh sultan dika tingali | têtilar dika | tan kêna dèn pituturi[42] ||

30. lah ing mêngko sira nêmahi pralaya | dhuh anak ingsun gusti | sira kaprawasa | mêngko lah kaya apa | sira nêmahi pribadi | Pangran Purbaya | asru dènira angling ||

31. lah ta sampun punapa kang rinasanan | wus karsaning Hyang Widhi | putra jêngandika | umure mung sapala | pan sampun dipun bêciki | pangran layonnya | warnanên sri bupati ||

32. angandika sang nata atungtum duka | sapa ingkang nangani | dene wong Mataram | têka lirakên wêkas | yayi mas kongsi ngêmasi | sigra Pangeran | Salarong atur bêkti ||

33. inggih dede wong Mataram kang tumandang | wong Sampang kang mêjahi | kang sami katrêsnan | ing gustine palastra | marmane supe ing gusti | sarêng narajang | radèn rinêbut wani ||

34. wong Madura kathah longe ingkang pêjah | pun adipati mati | ya ta sri narendra | suka sajroning nala | ariningsun maksih cilik | bela dipatya | mendah yèn [yè...]

--- [200] [280] ---

[...n] wusa akir ||

35. angandika sang nata ing wadyanira | adhi mas sun belani | anulya pinêrang | baunira sang nata | pasah ludira wus mijil | nata ngandika | wus lêga ati mami ||

36. ingkang layon jêng pangeran wus pinêthak | ing astana Magiri | dagane kang rama | pan kucaping carita | sang nata adarbe ciri | gèthèk baunnya | wêwasi kang rumiyin ||

37. dhuh Pangeran Silarong mring Balambangan | amatèni wêwasi | adarbe pratiknya | arsa malêsa pjah[43] | yèn ana Ratu Matawis | gèthèk baunnya | surub ingsun ing benjing ||

38. hnêngêna Mataram ingkang kucapa[44] | kang kesah anglurugi | marang Balambangan | Tumênggung Wiraguna | lampahira sampun prapti | tapêl watêsnya | Pasuruan abaris ||

39. sakathahe pra mantri pêpak sadaya | miwah môncanagari | Kyai Wiraguna | kang dadi senapatya | asmaradana panumping | Ki Danupaya | sami mantri panumping ||

40. linggihipun apan tunggal lan santana | pan kinon angêmbani | mring Pangeran Arywa | kinèn milu ngluruga | pan sampun tata abaris | dyan kawarnaa | ing Balambangan nênggih ||

41. Balambangan pan sampun obah sadaya | wong Bali wus bantoni | pan sampun siyaga | sagamaning ayuda | wus mêdal saking nagari | ayunan-yunan | kalawan wong Matawis ||

42. Ki Tumênggung Wiraguna undhang-undhang | arsa angantêp jurit | ing dina Jumungah | sampun yitna sadaya | sampun praptèng têpis wiring | enjang kawarna | bêndhe munya tinitir ||

43. wong Mataram barise sampun tinata | miwah môncanagari | sampun tata-tata | myang wong ing Balambangan [Balambanga...]

--- [201] [281] ---

[...n] | pan sampun atata baris | kang dadi dhadha | tanggulanging wong Bali ||

44. pangiride awasta Lurah Yabana | kalawan Panjipati | pan sampun tangara | tawang alun nèng kanan | Wiranagara nèng wuri | wong Balambangan | ingkang dadya têtindhih ||

45. wus tangara wong Bali lan Balambangan | miwah wadya Matawis | pan sampun tangara | sigra têmpuhing yuda | pangawat kanan lan kering | ababêdhilan | wong Bali akèh mati ||

46. Panjipati kalawan Lurah Yabana | pan arsa angawaki | anulya tangara | wau sigra narajang | wong Bali wong ing Matawis | têmpuhing yuda | lir udan sinêmèni ||

47. sampun ilang tatane wong aprang jajar | tumbak bêdhil wus mati | arukêt kang yuda | rame pdhang-pinêdhang[45] | sawênèh kêris-kinêris | sêndhal-sinêndhal | anigas angakahi ||

48. lindhu awor riwut prange wong kabranan | kang waras anggulungi | marang ingkang pjah[46] | pêpati anggalasah | lir pendah babatan pacing | tiyang kang pjah[47] | wangke sungsun atindhih ||

49. wong Mataram kalindhih ing yudanira | dèn amuk ing wong Bali | alir singa ludra | galak tan olih môngsa | lir pendah buta akanin | kagila-gila | pangamuke wong Bali ||

50. wong Mataram tan môngga-môngga puliha | kang mara-mara mati | kang mundur kabranan | tatanira wus bubar | môncanagara wus ngisis | Ki Wiraguna | awas dènnya ningali ||

51. yèn kang aprang angisis kathah kang pjah[48] | karsanira ngawaki | sigra atangara | têtêg kaya butula | bêndhene tinitir-titir |

--- [202] [282] ---

para prawira | sadaya angawaki ||

52. sigra mêngsah Ki Tumênggung Wiraguna | wong Mataram awêdi | kalamun mundura | lir macan atênaya | sadaya samya abali | angantêp yuda | ajrih mundur sanyari ||

53. sigra ngamuk wong Jawa kagila-gila | wong Bali akèh mati | kinathahan lawan | dhasare sampun sayah | dèn amuk kapati-pati | para prawira | ing Mataram ngawaki ||

54. pangamuke para prawira lir yaksa | liwung angobat-tabit | anumbak anigas | anduduk lan amdhang[49] | angidêg sarwi ngakahi | wong Balambangan | akathah ingkang mati ||

55. wus kalindhih pêrange wong Balambangan | wong Mataram nyuraki | pan kadi ampuhan | lir karêngèng awiyat | kang bumi lir gonjang-ganjing | suraking bala | kadya rubuh kang langit ||

56. Panjipati kalawan Lurah Yabana | wau sampun gumingsir | amiyarsa surak | kalangkung wirangira | wadana kadya sinêbit | umajêng sigra | pan arsa ngamuk malih ||

57. ing wong Bali watara pan kathahira | kalih bêlah kang kari | prasamya angucap | sêdhêng payo linawan | payo aja na gumingsir | pan sarwi onclang | watange wus kumitir ||

58. wong Mataram uninga yèn êmban pjah[50] | sigra para prajurit | umangsah sadaya | iya môncanagara | prasamya arêbut dhingin | anêmpuh yuda | kalawanan ing wong Bali ||

59. Panjipati kalawan Lurah Yabana | pangamuke lir bêlis | ting barêkik samya | watangira dèn ikal | balêdug ingkang katangkis [katang...]

--- [203] [283] ---

[...kis] | putung akathah | salinira wus prapti ||

60. pan Ki Rôngga atêmpuh lawan wong wetan | mungsuh lan Panjipati | agêbang-ginêbang | ananging kantun olah | wong Bali sampun utami | ywa ulah bênthak | Ki Rôngga kasêliring ||

61. linarihan Ki Rôngga jajane pasah | aniba nuli mati | wong Mataram mulat | yèn Ki Rôngga wus pjah[51] | anulya Ki Panjipati | dèn byuki kathah | rinampok tan wigati ||

62. ginêbugan ing bêdhil lawan landhêyan | garêse dèn pênthungi | dèn antêbi sela | pira ta kuwatira | wong siji dipun kathahi | rêmuk awaknya | Panjipati ngêmasi ||

63. Kyai Lurah Yabana sigra narajang | panggih padha sawiji | lan wong Pranaraga | kang wasta Citrayuda | adangu ungkih-ingungkih | Lurah Yabana | rosa dènira tangkis ||

64. Citrayuda arosa panumbakira | watang putung atangkis | sigra linarihan | dening Lurah Yabana | jajanya trus marang gigir | Ki Citrayuda | aniba nula[52] mati ||

65. Wiratanu uninga adhine pjah[53] | nrajang sarowangnèki | Ki Lurah Yabana | dèn byuki wong akathah | rinampok pating saluwir | arang karanjang | Lurah Yabana mati ||

66. sirna larut wong Bali akathah pêjah | wong Balambangan uning | yèn wong Bali têlas | nulya kabèh lumajar | pati-pati babêntusi | pating balêsar | rêbut urip pribadi ||

67. Tawangalun lumayu amungkur menda | anuli dèn tututi | tinrajang ing kuda | nusup ing galagahan | katuju ngidak [ngida...]

--- [204] [284] ---

[...k] parêcil | gudam[54] anjola | dubilah aku mati ||

68. wong Mataram samana sampun kelangan | dipatine satunggil | Ki Wiranagara | lumayu ngalor ngetan | palayune sipat kuping | mung bojonira | pinêlêng ngarsa ngili ||

69. wong Mataram prasami antuk bandhangan | panganggone kang mati | kêris tulup pdhang[55] | prajurite kang pjah[56] | prasamya dipun bêciki | ingkang prayoga | jisim binakta mulih ||

70. pan wong Bali Balambangan kinêthokan | ya ta kasaput wêngi | samya masanggrahan | sadalu pirêmbagan | pan samya arsa angungsi | mring kithanira | sampun lolos ing wêngi ||

71. Tawangalun kalawan Wiranagara | samya ngungsi mring Bali | Kyai Wiraguna | asru dènnya ngandika | angatag ing para mantri | amboyongana | wongmu aja na kari ||

72. wus lumampah sami bêboyong sadaya | wong Balambangan ênting | sami kinarakat | cacahe kang ginawa | sèwu limang ngatus nênggih | sarupanira | cacah êndhas winingis[57] ||

73. Ki Tumênggung Wiraguna wus miyarsa | warta saking Matawis | yon[58] Pangeran Arywa | sampun seda ing rana | angamuk ing sri bupati | pun Pasisingan | kang dadi setan bêlis ||

74. Ki Tumênggung Danupaya wus miyarsa | langkung dènira tintrim | pan sami karuna | sêsambate mlasarsa | dhuh pangeran gusti mami | sampun salaya | ingsun gawanên gusti ||

75. Ki Tumênggung Wiraguna ciptanira | yèn ingsun iki mulih | môngsa ta uripa | susunanku tan arsa | ngawulakkên marang |

--- [205] [285] ---

mami | nadyan matia | angur matia jurit ||

76. Ki Tumênggung Wiraguna rêrêmbugan | lawan mantri Matawis | lan Kacanagara | karsane ambaranjang | ambêdhah nagara Bali | wong Balambangan | ing Bali kang dèn ungsi ||

77. Tawangalun kalawan Wiranagara | padha ngungsi mring gusti | ginêcêk wasisan | nagri ing Balambangan | môngsa wande dados kardi | sampun mufakat | sakèh para bupati ||

78. baboyongan tinêngga mring wong akathah | para mantri lit-alit | enjang kawarnaa | nulya nêmbang tangara | pan sampun bubar kang baris | karsane ika | ambanjur marang Bali ||

79. kawarnaa wus prapta ing lampahira | satêpining jaladri | ing sagara rupak | sami kandhêg sadaya | kewuhan tan olèh margi | ing karsanira | apan karya wot wêsi ||

80. pan alami nèng kono Ki Wiraguna | warnanên nagri Bali | wus miyarsa warta | pan arsa ingunggahan | prasami adandan baris | pinatah-patah | kang mêtu ing pasisir ||

81. wus lumampah wong Bali jaga lautan | wastane ingkang ngirid | pun Panjiarungan | kathahe kang baita | satus sami isi baris | pan hnêngêna[59] | kucapa wong Matawis ||

82. ki tumênggung wau ingkang tinanggênah | nanging wong ing pasisir | kang jaga lautan | lami dènnya angambang | wong Bali tan amiyosi | ya ta kapirsa | baita kathah prapti ||

83. Ki Tumênggung Mataram sampun uninga | wong Bali amêtoni | sigra atêngara | nulya dandan sadaya | layare wus dèn rucati | adhêdhayungan | sigra bêdhil-binêdhil ||

84. lan wong Bali pan sami sudiranira | karsane marêpêki |

--- [206] [286] ---

wadyane ginêlak | dhayung kalawan satang | kinarutug dening bêdhil | kari dandanan | wong Bali akèh mati ||

85. pambêlah kathah pêjah ing sanjata[60] | maksih sudira wani | Ki Panjiarungan | ngadêg têngahing pal[61] | pan maksih dipun bêdhili | dupi wus cêlak | lan palwa ing Matawis ||

86. salan banthol arame bênthak-binênthak | anèng tngah jaladri[62] | suraknya lir gêrah | ya ta wong Balambangan | kinarutug dening bêdhil | Panjiarungan | pambêlahe wus mati ||

87. dandanane pan sampun rêmpu sadaya | palwa tan kêna osik | pan katut ing ombak | kinêpung palwa kathah | Arungan dipun bêdhili | kêna ing sela | êndhas kêna gumuling ||

88. sarêng pêjah Arungan êndhas tinigas | palwane dèn unggahi | wong Bali kèh pjah[63] | kamuk dening wong Jawa | samya ambyuri jaladri | pan ingkang gêsang | kawus tan ana wani ||

89. hnêngêna wong Bali ingkang kucapa[64] | ingkang sami abaris | nèng pinggir samudra | Tumênggung Wiraguna | pan arsa gawe wot wêsi | lami nèng kana | diparag ing gagêring ||

90. Ki Tumênggung Wiraguna nandhang gêrah | sangêt dènira sakit | pra mantri sadaya | sami ararêmbugan | karsanira bubar mulih | sampun mufakat | nulya bêdholkên baris ||

91. sigra bubar datan kawarna ing marga | ing Balambangan prapti | sakèhe boyongan | kinèn andhinginana | gêgaman kang munggwing wingking | Ki Wiraguna | samana amamêling ||

92. lamun ingsun kang têka dina wêkasan | saênggon ingsun mati | sira apêndhêma | mulih marang Mataram | ya ngêndi gon ingsun mati | sira pêndhêma | apan tan pilih bumi ||

--- [207] [287] ---

93. sun tatêdha ing Allah lan Rasulullah | aja mulih Matawis | raose tiningwang | sanadyan sun uripa | susunan ingsun Matawis | mangsi karsaa | ngawulakkên ing mami ||

94. lan sakèhe anak putuningsun benjang | pan ingsun têkèng pati | têka pirabara | yèn dèn kawulakkêna | sri bupati ing Matawis | karana apa | padha ngasmara pati ||

33. Asmarandana

1. sadaya sami anangis | miyarsa wawêlingira | alara-lara sambate | Ki Tumênggung Wiraguna | pan sangêt gêrahira | manahe saya anglayung | sêdyane age matia ||

2. datan kawarna ing margi | prapta ing Kadhiri sira | samana amundhut laloh | pan sampunira karasa | nulya wau pan seda | wau ta kyai tumênggung | tinangisan mring santana ||

3. kunarpa wus dèn bêciki | karsane ingkang santana | layone ginawa mulèh | sadaya pan samya êngah | dening wawêkasira | pan sigra utusan mantuk | sampun ngaturi uninga ||

4. yèn Ki Wiraguna mati | Ki Tumênggung Danupaya | kalangkung sangêt gêtune | Balambangan sampun bêdhah | sèwu kang baboyongan | sigra aputusan sampun | lampahe asêsandêran ||

5. datan kawarna ing margi | wus prapta nagri Mataram | atur uninga sang katong | saature kang utusan | purwa têkèng wêkasan | sri narendra langkung bêndu | anulya sigra utusan ||

6. lah ta wong Singanagari | Martalulut lumakua | papagêna mring lakune | Si Tumênggung Wiraguna | jisime dèn pêndhêma | yèn kapapag nèng dalanggung | sanak [sa...]

--- [208] [288] ---

[...nak] putune sadaya ||

7. ingkang sami maksih urip | iku padha patènana | utusan wus mintar kabèh | datan kawarna ing marga | lampahe sampun prapta | sadaya sampun kapêthuk | anjujug ing pamondhokan ||

8. anak putune kapanggih | sadaya wus sinundukan | pan kalih wêlas kathahe | sadaya wus pinêjahan | pinêtak anèng kana | asmaradana winuwus | ambubarakên gêgaman ||

9. Ki Danupaya mirsèki | jisime Ki Wiraguna | pinêndhêm anèng ênggone | anak putu pinêjahan | sadaya manahira | Danupaya pan anglampus | sangsaya sangêt kang gêrah ||

10. sigra amundhut jêjampi | Ki Tumênggung Danupaya | gêring kawiting larane | awor trêsna ing Pangeran | samana wus palastra | mila atêmahan lampus | ki tumênggung nguntal upas ||

11. ki tumênggung wus ngêmasi | jisim pinêtak ing marga | tan kawarna ing lampahe | tumênggung ngasmaradana | praptèng taji ararywan | pan sampun awêling atur | nanging datan tinimbalan ||

12. wontên ing taji alami | boyongane Balambangan | samana sampun angere | lami ingandikan-dikan | pan Kiyai Radana | purwakanira dinangu | nulya pinêjahan sira ||

13. datan kawarna wus lami | sang nata madêg narendra | sampun angalih kadhaton | apalèrèn puranira | nagara karsa raja | Mataram pamungahipun | mirah kang sarwa tinumbas ||

14. ana kang winuwus malih | punakawan alit mila | sampun jinunjung lungguhe | Ki Ngabèi Wirapatra | kalangkung sihi nata | kinarya pêpatihipun |

--- [209] [289] ---

amarentah wong Mataram ||

15. nênggih kang winarna malih | amangsuli ing carita | Pangran Silarong kandhane | kala jênêngira sultan | pangran kala samana | asaos kêmit ing dalu | rumêksa sajroning pura ||

16. kala samana narpati | akarsa angesahnê[65] | dhatêng amêng-amêngane | kang nama pun Jurutaman | sirna saking Mataram | mila sangêt dukanipun | sultan dhatêng Jurutaman ||

17. dening dahad ngrêrusuhi | pakaryane mindha-mindha | sultan pinindha citrane | karya lêtuh wong jro pura | mila dhatêng kang duka | sultaning tyas dahat gêmpung | ing dalu kala samana ||

18. Jurutaman dèn timbali | sapraptanirèng ing ngarsa | sigra tinalêmpak age | kaprajaya jajanira | pasah ludira muncar | sigra musna tan kadulu | Jurutaman sampun sirna ||

19. kangjêng sultan sigra angling | lah ta iku kêmit sapa | Pangran Silarong ature | inggih jêng sultan kawula | lingira kangjêng sultan | lah sira buwanga iku | gêtihe Si Jurutaman ||

20. sira buwanga ing kali | aywa na nglutuhi jaman | iku yèn maksih ambête | dadi jajêmbêri pura | pan iku luwih ala | wus ingalap ingkang marus | ing siti wus kinêrugan ||

21. apan winadhahan takir | êrah kang tan mawi lêmah | kakêrugan ing sitine | sampun winadhahan liya | enjing arsa binucal | ing dalu datan winuwus | enjing sampun samya mêdal ||

22. prapta dalêmira enjing | pangran samana adhahar | ingadhêp dening sagawon | nyandhing rahing takirika | sasampuning adhahar | Pangran Arya ngêpêl [ngêpê...]

--- [210] [290] ---

[...l] sêkul | tinutulkên gêtih ika ||

23. inguncalakên ing anjing | kêbat panyaploking sona | kang anjing tiba anglèsèd | pjah akongsi apolah[66] | karsane jêng pangeran | pinakan marus mrih lêmu | kang sona tan nyana pêjah ||

24. kinèn ambucala aglis | sona ambêdhêl wulunya | pinaksa binuwang age | Pangran Silarong garjita | kang êrah karsanira | jinatonan lisah tuhu | têmbe ana karyanira ||

25. jinaton lisah kalêntik | ing kalapa wilis ika | lisah sinimpên agatos | punika nênggih purwanya | tinundhung dosanira | winastan sagêt anêluh | giniryakkên Waladana ||

26. apa ta sampun alami | gènnya dalêm Waladanan | malah sampun pagêr banon | lami-lami sultan gêrah | langkung sangêt gêrahnya | Pangran Salarong agupuh | tinimbalan mring Mataram ||

27. sapraptanira Matawis | mapag kang para santana | sami ngêrdatin manahe | dadya sihira sang nata | tan antara samana | puput panjênênganipun | mantuk dhatêng Rahmatollah ||

28. sedane sri narapati | Pangran Salarong tan arsa | agya mantuk mring dalême | pan arsa angêntosana | panjênênganing putra | dènnya gumantung sang prabu | mila tan nêdya mantuka ||

29. pan arsa tumut ngèstrèni | umadêgira kang putra | datan antara lamine | pangeran jumnêng nata[67] | anggêntosi kang rama | ingsètrènan jênêngipun | dhatêng santana sadaya ||

30. datan sakeca kang galih | pangran tilare kang putra | alami dènnya angantos | radine

--- [211] [291] ---

wadya Mataram | wus pitêdahing Sukma | Pangran Salarong kinèn wruh | wawêlane panjênêngan ||

31. pangamuke radèn kalih | dhatêng ing raka narendra | malah pangran tumut kothèh | dènnya ngampingi sang nata | Pangran Alit sedanya | apan sedane angamuk | sedane dhuwung priyôngga ||

32. ri sampuning mangkanèki | Pangran Salarong ngandika | anulya tinundhung mulèh | marang desa Waladanan | kawarnaa Mataram | sêdhênge pamuwahipun | nagara karta raharja ||

33. mangkana winarna malih | Sri Naranata Mataram | ngandika mring santanane | akèn ngupados wanudya | ingkang luwih utama | ingkang ayu warnanipun | kinarya sêlir karsanya ||

34. pra santana anulya glis | ngalampahi pangandika | nanging ingkang winiraos | samana Pangran Balitar | ingaturan kang wadya | yèn wontên dyah luwih ayu | nanging wontên lakinira ||

35. wismanipun ing Matawis | nênggih pawèstri punika | anake ki dhalang gêdhog | awasta Kiyai Wayah | namaning mantunira | kang adarbe rabi ayu | Kyai Dalêm namanira ||

36. anulya pinundhut aglis | dhumatêng Pangran Balitar | ingaturakên sang katong | rabine Ki Dalêm ika | apan bêkta pêtêngan | kalih sasi laminipun | antuke Ki Dalêm ika ||

37. dupi katura narpati | pawèstri pan pinariksa | amêthuki karsa katong | wus pinêrnah dalêmira | apan kinarya garwa | langkung sihira sang prabu | sinung nama Ratu Wetan ||

38. saking sangêt sih narpati | samana sinung julukan | Ratu Malang

--- [212] [292] ---

jêjuluke | mila jêjuluk mangkana | dening sri naranata | supe garwane sadarum | amung garwa Ratu Wetan ||

39. sasampunira alami | wawratan dhatêng samaya | ambabar jalu putrane | sakalangkung sih narendra | dumatêng putranira | miwah dhatêng garwanipun | sangsaya sangêt sihira ||

40 nanging tan antara lami | kalawan panyanyarira[68] | kang jalêr lami kagalèh | dhumatêng sri naranata | kang aran Dalêm ika | samana dudu kang dhawuh | Ki Dalêm wus pinêjahan ||

41. sapjahe ingkang laki[69] | kang aran Ki Dalêm ika | Ratu Wetan panangise | Ki Dalêm sinambat-sambat | Ki Dalêm lakiningwang | ingsun nora bisa kantun | alah antènana ingwang ||

42. apan ningsun nora lami | suli anusul mring sira | ingsun antènana bae | samana datan antara | Ratu Wetan gya gêrah | mutah ngising gêrahipun | tan alami nuli seda ||

43. sakathahe dalêm puri | samana pan rinakit[70] | binathekan ing kaputrèn | lan pinacuhankên ika | ana awèha sêga | miwah ana awèh banyu | ngilokakên dosanira ||

44. mila sami dèn sakiti | kathahe wong dalêm pura | dening ratu duk gêrahe | asambat Dalêm samana | tampinira sang nata | wong dalêm panggawenipun | sedanira Ratu Wetan ||

45. sinarèkkên gunung Kêlir | Ratu Wetan layonira | samana sang nata supe | cinarita mung garwanya | kang tansah kaciptèng tyas | marminya tansah mring kubur | lan putra jalêr titilar ||

46. punika tan kêna mari | mangkana wikaning nata | lah payo sira nak ingong | sun gawa saparan ingwang | sira anak ing dhudha | sapa ngingoni

--- [213] [293] ---

sirèku | tinilar ing biyangira ||

47. pra santana agêng alit | miwah punggawa sadaya | sami ngaturi sang katong | èngêta ing puranira | sang nata tan gumiwang | manahira maksih liwung | orêg kang wong sanagara ||

48. orêging wong sanagari | punika dados wawêla | panjênêngane sang katong | tan winarna laminira | sang nata tilar putra | têngga layon garwanipun | anèng gunung Kêlir ika ||

49. pan karsane dèn urugi | wau layone kang garwa | tansah sinawang citrane | samana dhatêng antara | owah sipatin laywan | layon kaimpi ing dalu | wangsiting Suksma katingal ||

50. katingal garwanirèki | tumut ing lakine lama | Ki Dalêm ika wastane | sang nata kadi ginugah | kagyat ing tyas narendra | angandika èsmu bêndu | lah uwis gya urugana ||

51. lah sira pasêka aglis | aywa angrawati karas | sigra ingurugan age | sang nata gya sira bubar | wus mantuk angadhatyan | apan binabatan sampun | nala sare tata jana ||

52. wus têntrêm wadya Matawis | alama datan winarna | kucapa Pangran Salarong | adalêm ing Waladanan | kalangênane dara | mangkana ingkang winuwus | wontên ta kawulanira ||

53. ngingu dara ulêm gambir | pinundhut dhatêng pangeran | tan pinaringan yatrane | amung pinaringan lisah | kang saking ing Mataram | lawase arsa linabuh | dèrèng marêngi karsanya ||

54. samana nuju marêngi | pangeran amundhut dara | mila gya pinaringake | dhatêng kang aduwe dara | apan sampun winêkas | pakaryane lisahipun | asok ingkang pinaringan [pinaring...]

--- [214] [294] ---

[...an] ||

55. ya ta wontên wadya malih | angingu dara mêmegan | anulya pinundhut malèh | pinaringan datan arsa | anêdha pinaringan | kadya ki upas kang canglung | samia pakaryanira ||

56. nanging pangran tan marêngi | kang kadya ki anglung ika | dening kang pinaringake | panawane anglung upas | lah iki tampanana | maringi sun mring sirèku | panawane ingkang upas ||

57. wus aja sumêlang ati | pakulèhe iku uga | pan iki alêwih abot | têka isi anglung upas | iki lah tamakhna[71] | yèn ana wong kêna anglung | tawanên ora tumama ||

58. dening namaning wadyèki | kang pinaringan pênawa | Ki Citra ing Têgal Ampèl | dening kang pinaringan[72] | kawa araning lênga | ingkang lung upas ranipun | kalih pan sami lumampah ||

59. punika kandhane nguni | kala alame samana | yèn ana wong rêbut lilèh | miwah wong rêbut wicara | yèn kongsi atêrasa | akathah pjah dèn anglung[73] | kyèh waras dening Ki Citra ||

60. wus kontrak wong sanagari | ucaping wong duk samana | mring Ki Citra Têgal Ampèl | kaawa ing panggawenya | aran Ki Citra tawa | kaloka kalamun nampuh | nawa wong kang anglung ika ||

61. sok si kacandhaka ugi | mring panawane Ki Citra | mèh kaya amasthèkake | waluyane wong kang lênga | waras padha sakala | samana sampun misuwur | tanah Pajang Waladanan ||

62. patine têtiyang alit | kathahe wong kang anglung lênga[74] | tan kêna rêbut wiraos | datan antara laminya | undhak-undhaking loka | karêtagnyana katêluh [ka...]

--- [215] [295] ---

[...têluh] | patine ing wong punika ||

63. saking lêpasing pawarti | wus korak wong samataram | wus katur dhatêng sang katong | yèn wadya lit kathah pjah[75] | ing Pajang Waladana | mangkono ta pjahipun[76] | langkung duka sri narendra ||

64. apan wus kinèn anitik | ajale ana mangkana | sapa ta baya uwite | iku titikên dèn nyata | pan katur yèn kang paman | inggih wite karya lampus | miwah witing karya waras ||

65. apan wus tan kêna gingsir | pratiknyanira Ki Arja | ing nguni kala pinatèn | mring Pangran Salarong ika | kala prang Balambangan | milane duka sang prabu | sangsaya-saya kagagas ||

66. kèngêtan dosaning nguni | kang paman duk nèng Mataram | marmane winêdalake | saking nagari Mataram | wisma ing Waladanan | kang punika dosanipun | mila dhatêng duka nata ||

67. samana wus dèn timbali | kang paman dhatêng Mataram | sipêng sadalu lamine | enjing ingatag mantuka | wong gandhèk ngiringêna | pangandikane sang prabu | hèh wong gandhèk wêkas ingwang ||

68. yèn wus prapta jabe[77] taji | lah wong gandhèk lakunira | mêtu akuwêl dèn age | iku ta dèn kalampahan | iya pan dhawuh ingwang | anulya gandhèk wot santun | wus mundur saking ngajêngan ||

69. wus prapta jawining taji | ing wong gandhèk lakunira | mêdal ing kuwêl lakune | sang nata dangu angantya | wus kinèn amariksa | katur dhatêng sang aprabu | yèn mêdal ing kuwêl ika ||

70. sangêt dukaning narpati | asru dènira ngandika | mring abdi Martalulute | lawan wong Singanagara | age sira susula | Man [Ma...]

--- [216] [296] ---

[...n][78] Salarong ulihipun | iya sagone kacandhak ||

71. aja sira kongsi mulih | nuli sira uwisêna | Martalulut tur sêmbahe | kalawan Singanagara | lampahe gêgancangan | kacandhak desa ing Biru | pangran sampun tinêlasan ||

72. pinêtak ing gunung Wujil | datan alama samana | lagya nêm sasi lamine | ingêlih dhatêng Mataram | pinêtak ing bacingah | apan binabadanipun | wong sêsanga prang martala ||

73. kawarnaa sri bupati | gènira jumnêng nata[79] | sampun akathah putrane | patutaning Surabaya | nênggih putra kang tuwa | ginadhang jumnêng ratu[80] | prabu anom ing Mataram ||

74. putra lyan malih kêkasih | arine pangran dipatya | kang kalih tunggil ibune | Pangran Pugêr kang atuwa | ywa Pangran Singaskar[81] | punika warujunipun | nênggih wontên malih putra ||

75. samya sanès ibu nênggih | nama Pangran Martasana | wontên putra timur malèh | kêkalihe kang satunggal | anama Radèn Tapa | gantya wau kang winuwus | Pangran Dipati ing Mataram[82] ||

76. ingkang eyang têksih urip | Jêng Pangeran Surabaya | anèng Mataram dalême | punika kang cinarita | Pangeran Surapringga | bakisar wadon dèn ingu | lama-lama dadi lanang ||

77. sakalangkung dèn kasihi | bakisar dening pangeran | punika pangandikane | salawase anèng dunya | apan durung tumingal | lan maninge durung ngrungu | ayam wadon dadi lanang ||

78. pan warnane iya bcik |[83]

--- [217] [297] ---

ing Mataram datan ana | bakisar kaya mangkene | ingsun tan layak duwea | iki patut sang nata | bakisar ingkang angingu | pantês anèng jroning pura ||

79. Pangeran Purbaya angling | marang ingkang para garwa | bakisar iki ing mêngko | sun aturne sri narendra | Pangeran Surabaya | pan sigra busana sampun | asowan marang jro pura ||

80. bakisar wus dèn ulêsi | sutra pêthak kang kinarya | Pangeran Surabayane | mijil saking dalêmira | tan kawarna ing marga | praptane kadhaton sampun | kandhêg wijil paregolan ||

81. sampun katur mring narpati | pun paman ing Surabaya | umarêk dhatêng sang katong | nulya age tinimbalan | sapraptane ing ngarsa | cundhuk kalawan sang prabu | alênggah ayun-ayunan ||

82. Pangeran Surabaya ngling | matur dhatêng sri narendra | inggih dhumatêng sih katong | angaturakên bakisar | mila katur sang nata | dene endah warnanipun | purwanipun kang bakisar ||

83. ingkang bakisar puniki | pawèstri angsale kuna | sampun sawulan lamine | lami-lami dados lanang | warnanipun apelag | dhatêng sagêt akêluruk | mangke konjuka sang nata ||

84. sri narendra anampani | bakisar sarwi ngandika | anêdha ing pracayane | paman ing sih jêngandika | sri narendra asuka | nanging duka jroning kalbu | osiking naya mangkana ||

85. bisa nuksmèng agal alit | ing waweka sampun nêlas | graita landhêp pasêmon | Jêng Pangeran [Pangera...]

--- [218] [298] ---

[...n] Surabaya | sampun kinèn mantuka | samana pan sampun mantuk | warnanên sri naranata ||

86. enjing sang nata tinangkil | pinarêk ing kamandhungan | maksih kagugu manahe | kang paman ing Surapringga | ngaturakên bakisar | pawèstri ing purwanipun | lami-lami dadi lanang ||

87. sang nata emut ing galih | wirayate ing Mataram | susunan panyênêngane | tan ana liyan maguta | lyan putra kang atuwa | patut ing Surabayèku | sri narendra angandika ||

88. marang sakèh para mantri | mantri ing lêbêt kewala | hèh sakèhing wadyaningong | si paman ing Surabaya | wingi awèh bakisar | pawèstri ing purwanipun | lami-lami dadi lanang ||

89. pangrasane ati mami | mapan Surabaya kaya | awèh sasêmon maringong | idhêp karêpe si paman | anake pan wanudya | ing mêngko wus asêsunu | putune pan mêtu lanang ||

90. anak ingsun ki dipati | mêngko pan sampun diwasa | pantês jumênênga katong | iku sêmune si paman | ingsun kinèn sèrèna | bakisar katur maringsun | pantês ana jroning pura ||

91. ingsun pan kinèn gumingsir | putune kang jumnênga[84] | mangkono iku sêmune | si paman ing Surabaya | dening anggege môngsa | wong atuwa nora patut | dening awya gege môngsa ||

92. sakathahe para mantri | langkung sami ajrihira | mirsa sang nata bêndune | nulya bubar sri narendra | malêbèng kênyapura | tan winarna laminipun | wong jêro kathah miyarsa ||

93. wus misuwur sanagari | Pangeran ing Surabaya |

--- [219] [299] ---

sampun miyarsa wartine | yèn sang nata sangêt duka | marga saking bakisar | kalangkung ing ajrihipun | tinarka matur sêmonya ||

94. tanpa nyata tanpa ngimpi | darbea raos mangkana | sang nata salah tampane | wadya Pangran Surabaya | arsa marêk sang nata | atur pjah gêsangipun[85] | sarayatipun binakta ||

95. miwah ingkang para rabi | santana jalu wanudya | punika binakta kabèh | Pangeran ing Surabaya | sampun lumampah seba | pan hnêngêna karuhun[86] | warnanên sri naranata ||

96. enjing sang nata tinangkil | dening mantri kulawarga | prasami pêpakan kabèh | pêpak andhèr pagêlaran | dening sri naranata | pinarêk ing sitiluhur | andhawuhkên pangandika ||

97. anjujung[87] namaning siwi | têtilare Ratu Wetan | Pangran Salarong namane | punika wawratan bêktan | kang rayi sinung nama | kang patut sangking sang prabu | nama Pangran Natabrata ||

98. kawarnaa Adipati | Surabaya sigra mangsah | karsanira ayun pepe | anak putune binakta | miwah kang para garwa | wus praptèng waringin kurung | sami asèlèh curiga ||

99. warata kathahirèki | anak putune sadaya | miwah lan para garwane | anênggih sawidak papat | Pangeran Surabaya | mangrêp-arêpa tumungkul | pan sampun asrah ing Suksma ||

100. mangkana sri narapati | pinarêk anèng dhêdhampar | kagyat ningali wong pepe | dening kathah tiningalan | wong ngêndi iki baya | nèng ngandhap waringin kurung | paran pinèpèkkên ika ||

101. lah paresanên dèn aglis | sapa kang apepe [ape...]

--- [220] [300] ---

[...pe] ika | pan iya sapa arane | lan apa ingkang sinêdya | ingutus sigra nêmbah | mudhun saking sitiluhur | lampahe amamêndhapan ||

102. tan asuwe sigra prapti | ing prênahe jêng pangeran | sigra pan animbalake | pangandikaning sang nata | Pangeran Surabaya | inggih pan apepe iku | punapa karsa paduka ||

103. pangeran ngandika aris | milane pepe manira | atur pjah gêsang ingong[88] | lah wis matura sang nata | gandhèk mundur sirargya | prapta ngarsane sang prabu | wong gandhèk matur anêmbah ||

104. pukulun pakuning bumi | kawula sampun mariksa | inggih punika kang pepe | pun pamaning Surapringga | ngaturkên pjah gêsang[89] | katura jêng sang sinuhun | kagyat manahe sri nata ||

34. Sinom

1. kagyat sang nata miyarsa | ing aturira kang abdi | sang nata sampun anduga | yèn kang paman darbe kapti | wus cinakra ing galih | atur pjah gêsangipun[90] | eca dènira lênggah | kèwêtan sajroning galih | pan karaos sang nata ing putranira ||

2. amikir sajroning nala | pinupus manah sang aji | kang jumnêng ing Mataram[91] | amung ingsun ingkang luwih | kang dadi senapati | tan liya mung raganingsun | upama sun sagara | kang alêlawan kang bcik[92] | apan kawot sang nata alon ngandika ||

3. lah wong gandhèk lumakua | timbalane dèn agipih | si paman ing Surapringga | tumanduka marang mami | samawana si bibi | panggih ala raganingsun | lurahe kapêdhaknya | miwah ingkang para cèthi | ingkang tuwa si paman ingkang lumampah ||

--- [221] [301] ---

4. anak putune sadaya | lanang wadon agêng alit | karia nèng pangurakan | si paman Surabayèki | kang kinèn nêmbah mijil | mandhapa nêmbah lumayu | tindake sarêng napak | wus mundhun[93] saking satinggil | sarêng prapta lampahe tindak jatmika ||

5. gandhèk kalih mêndhak-mêndhak | anulya atata linggih | umatur sarwi anêmbah | tanduk ingsun nênimbali | kawula nuhun gusti | ingutus dera sang prabu | sampeyan tinimbalan | apanggih lawan sang aji | samawana garwa tuwan ingaturan ||

6. inggih wayah putra tuwan | kang sêpuh wontên ing wingking | Pangeran ing Surabaya | agupuh dènnya lumaris | sarêng lawan kang rayi | wau dènira tumanduk | lampahe sigra-sigra | wus prapta wau satinggil | sakathah wau kang seba tumingal[94] ||

7. angrês manahe sadaya | pra mantri kang samya nangkil | dinulu langkung mamêlas | pan samya dhingkul alinggih | prapta ngarsa narpati | sang nata sigra tumurun | saking dhêdhampar êmas | kang paman dipun gêlari | apan jajar sang nata lawan kang paman ||

8. pangeran sampun pinarak | kalawan garwanirèki | mingsêr-mingsêr lênggahira | kang garwa anèng ing wuri | kalangkung awiragi | sang nata ngandika arum | dèn kapara ing ngarsa | samawana lan si bibi | ngangsut-angsut kang garwa gèmèli kônca ||

9. angrês manahe sang nata | andulu dhatêng kang bibi | miwah dhumatêng kang paman | langkung dènira mlasasih | muka konjum[95] ing siti | angandika sang aprabu | punapa karsa dika | pepe sangandhap waringin | pan kawula tan darbe tyas êla-êla ||

10. kawula kalangkung kagyat |

--- [222] [302] ---

andika ngowah-owahi | pepe nèng waringin jajar | Pangeran Surabaya ngling | kawula gusti ajrih | ayun andarbèni atur | ngaturkên pjah gêsang[96] | saking cupête kang budi | pan kawula tiyang cêguk mudha dama ||

11. ngaturakên pjah gêsang[97] | saking cupête kang abdi | tan liya ambalilaa | dhumatêng sri narapati | balilu anglampahi | kawula kenging sasiku | kawula botên nêdya | botên nyana botên ngimpi | angaturi sasêmon dhatêng sang nata ||

12. mila kawula sang nata | atur bakisar rumiyin | tan pantês kula ingua | dening warnanipun pèni | anèh lawan sasami | botên nyana yèn kasiku | yèn sêdya miringana | punapa dening nyêmoni | darmi Allah lawan darmi Rasulullah ||

13. kawula mangko punika | yèn èstua anyêmoni | samawana balilaa | tan layak wontên Matawis | botên layak sinandhing | yèn cêmêra raganingsun | layak dipun tumpêsa | dinamêl paran aurip | milanipun kang paman tur pjah gêsang[98] ||

14. kang garwa matur karuna | sêsambate mêlasasih | adhuh kawula sang nata | lêhêng pinêjahan dhingin | yèn pun paman ngawoni | tumpêsên nak putunipun | inggih dhatêng sumôngga | yèn darbea salah ati | sri narendra miyarsa nênggak kang waspa ||

15. angrês manahe sang nata | miyarsa aturing bibi | lan pangrêpane kang paman | manjêlut manah sang aji | mênggah sri narapati | dening èwêt manahipun | sadaya kang miyarsa | sagung kang para bupati | prêbêng-prêbêng sawênèh wus mêtu waspa ||

16. sang nata aris ngandika | mênggah-mênggah dènira ngling | ingkang botên-botên [botê...]

--- [223] [303] ---

[...n-botên] paman | anggêga ujaring warti | pocapaning kang sêngit | angadon-adoni tutur | paman dados punapa | yèn anggugua pawarti | pan kawula botên rumaos yèn duka ||

17. anggoroh ingkang pawarta | wontên ujar kang kayèki | yèn darbea balilaa | mring paman kula bêndoni | edane kang awarti | kawula pan maksih maklum | nagari ing Mataram | ing benjing sapungkur mami | yèn manira sampun pinundhut Ywang Suksma ||

18. wus parentahing Hyang Suksma | kang kinarya madêg aji | anggêntèni ing manira | pinasthi tan kêna gingsir | ing benjing akir mami | pasthi lamun putraningsun | ujar ingkang acêtha | anging ta dede ing ngriki | Wanakarta kadhatone kaki putra ||

19. inggih kadhaton Mataram | kawula kang amêkasi | datan kêna singgahana | sampun jangjine rumiyin | Mataram salin kardi | puput panjênêngan ratu | angalih Wanakarta | sapatiningsun ing wingking | sigra matur Pangeran ing Surabaya ||

20. sun tatêdha ing Hyang Suksma | sampun salin-salin aji | lan sampun kongsi kaliya | tan ana pantês nagari | liyana ing Matawis | sun têdha maksih akukuh | tan ana kang prayoga | ing rat jagad tanah Jawi | mung Mataram kang pantês dadi kadhatyan ||

21. sri narendra angandika | pan wus karsaning Hyang Widhi | rusaking Mataram benjang | dening putraningsun iki | ki prabu anom nênggih | kawitan nagara lêbur | Pangeran Surabaya | langkung gagêtun ing ati | amiyarsa panyêthane sri narendra ||

22. sri narendra angandika | lah paman ing Surabanggi | andika

--- [224] [304] ---

mantuka inggal | sampun anggugu pawarti | ingkang dados pawarti | sakathahe dika êmut | botên sêdya mangkana | tan anyana tan angimpi | ingkang paman amit minta lan kang garwa ||

23. sang nata jêngkar siniba[99] | malêbêt ing kênyapuri | ginarêbêg ing badhaya | nênggih pitung rancak sisih | tur sami ayu luwih | warnanira para arum | dening wau Pangeran | Surabaya sampun mijil | ing paseban kang mulat lir guladrawa ||

35. Dhandhanggula

1. Adipati Surabaya mulih | pan sadaya mantuk para garwa | sampun prapta ing dalême | tan kawarna ing ênu | kawuwusa sri narapati | animbali kang wadya | karsane ingutus | mantri jêro ingkang wasta | Wôngsatruna kalawan Ki Yudakarti | sarêng prapta ing ngarsa ||

2. angandika sang sri narapati | Yudakarti lan Wôngsataruna | sira mintara dèn age | ngulatana sirèku | wong pawèstri ingkang abcik[100] | ingkang patut kagarwa | marang jnêng ingsun[101] | pasisir môncanagara | ulatana dening ta wawêkas mami | yèn ana banyu gônda ||

3. masthikane ênggoning pawèstri | ingkang layak kagarwa maringwang | ulatana dèn abrêsèh | pasthi iku katêmu | gêdhe cilik ingkang nagari | iya sira pêpaka | têkaning wong dhusun | kang kinèn tur sêmbah mintar | Wôngsatruna kalawan Ki Yudakarti | ambanjur king paseban ||

4. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta pasisir sadaya | kinapitan saking kilèn | tan wontên ingkang patut | sakèh èstri dipun tingali | tan ana

--- [225] [305] ---

kang prayoga | lampahira banjur | wus prapta ing Surabaya | Yudakarti samana emut ing galih | pan manggih sasumbêran ||

5. wus ginônda kang banyu awangi | sigra angling lawan Wôngsatruna | baya ing kene prênahe | pawèstri ingkang ayu | lah anêdha marang nagari | mantri ing Surabaya | pinêpak sadarum | sakathahe kang wanudya | ingkang wêling sang nata lamun amanggih | ing toya kang agônda ||

6. apan sami pawèstri kapanggih | sigra laju dhatêng Surabaya | kang jinujug pitêngêne | Pangran Surabayèku | Mangunjaya wastaning mantri | utusan sampun prapta | prasami alungguh | pan sampun tata alênggah | sigra angling Wôngsatruna Yudakarti | manira kang utusan ||

7. Jêng Susunan Narendra Matawis | apan kinèn ngulati wanudya | ingkang abcik warnane[102] | Mangunjaya andhêku | kang utusan amuwus aris | halah Ki Mangunjaya | pêpakan sadarum | pawèstri ing Surabaya | gêdhe cilik têkan anaking patinggi | aja na kaliwatan ||

8. Mangunjaya garjita ing ati | pan anyipta sajroning wardaya | emut kalamun putrane | warnanipun apunjul | angluwihi ing wong sanagari[103] | angucap jroning nala | baya anak ingsun | pinasthi karsaning Suksma | yèn kapundhut mring narendra ing Matawis | baya ta wus katingal ||

9. Mangunjaya sigra dènira ngling | ing sang duta kawula sandika | sang nata satimbalane | kinèn pêpak sadarum | Surabaya sagung pawèstri | inggih pangraos kula | kadi botên antuk | kawula darbe atmaja | èstri ayu ing ngriki tan [ta...]

--- [226] [306] ---

[...n] wontên mirib | andika tingalana ||

10. lamun botên kangge putra mami | èstri ing Surabaya sadaya | pan dipun pêpakna kabèh | utusan sigra muwus | sokur bage dika pribadi | darbe putra prayoga | kawula yèn wêruh | Mangunjaya sigra ngundang | mring putrane wayahe rumaja putri | nanging dèrèng diwasa ||

11. lagi jêbên kakêmbêning bayi | lagi sêdhênge birai sêkar | angedani sapolahe | ni rara sigra rawuh | mring ngarsane utusan aji | cahyane kadi wulan | ing purnamanipun | aturut ingkang salira | jarijinya arurus amucuk êri | sikil ana malira ||

12. Yudakarti jomblong pan ningali | Wôngsatruna malongo kiwala | angucap sajro kalbune | iki ta èstri ayu | sajêg ingsun urip puniki | pan durung sun tumingal | wanudya kayèku | baya wus karsaning Suksma | èstri iki layak kagarwa narpati | utusan sigra mojar ||

13. Mangunjaya manira ta iki | aningali marang putra dika | luwih prayoga ature | inggih dhatêng sang prabu | dening mangke ing karsa mami | putra dika katura | dhumatêng sang prabu | ing pasisir datan ana | èstri ingkang mèmpêra kadya puniki | ing sapaningal ingwang ||

14. Mangunjaya tumulya sigra ngling | pan kawula kalangkung sumôngga | tan rumaos pan adarbe | putra kawula niku | kaatura ing sang narpati | ing mangke kaparêngan | katur ing sang prabu | nadyan pjah gêsang amba[104] | datan ngraos kawula adarbe urip | kagungan sri narendra ||

--- [227] [307] ---

15. kang utusan kalih sigra angling | lah anêdha sami adandana | manira bubar ing mangke | wau ta dandan sampun | Mangunjaya sarayatnèki | anulya sigra bubar | ni rara tinandhu | tan kawarna lampahira | sampun prapta ing nagari ing Matawis | jujug ing Wirarêjan ||

16. Ki Ngabèi Wirarêja nênggih | pan kinarya lêlurah kapêdhak | Ki Yudabôngsa sisihe | Yudapati tumanduk | Wôngsatruna pan sampun prapti | matur mring Wirarêja | kawula pan antuk | pawèstri endah kang warna | atmajane Ki Mangunjaya anênggih | mantri ing Surapringga ||

17. kadi layak katur ing narpati | inggih punika kawula bakta | Mangunjaya sarayate | lanang wadon pan tumut | Wirarêja sigra dènnya ngling | iya sira undanga | manira asung wruh | Mangunjaya wus ingundang | sigra prapta mring dalême ki ngabèi | anak rabi binakta ||

18. Wirarêja sigra aningali | mring ni rara langkung ayunira | mung kapalang maksih lare | Ki Wirarêja muwus | lah ing dawêg kawula irid | marêk dhatêng sang nata | pawèstri kang ayu | tan layak wontên ing jaba | sigra mangkat Wirarêja aglis prapti | kandhêg ing wijil pisan ||

19. sampun katur dhatêng sri bupati | kang utusan ngulari wanudya | angsal nanging maksih lare | èstri sigra pinundhut | tiningalan mring sri bupati | sri narendra karênan | sakalire pêthuk | cuwane sri naranata | pan wanudya kapalang durung birai | sang nata angandika ||

20. marang Nyai Wirarêja aris | lah gawanên mulih wismanira | lare kulihnê wangke[105] | besuk yèn mangsanipun | èstri iku sêdhêng birai [bira...]

--- [228] [308] ---

[...i] | besuk age lêbokna | sigra awotsantun | Wirarêja sigra mêdal | sang dyah rara pan sampun binakta mulih | marang Kawirarêjan ||

21. ênêngêna ingkang sampun mulih | Nyai Wirarêja praptèng wisma | wontên kang winarna malèh | anênggih garwanipun | Jêng Pangeran Asingasari | samana kacarita | ulah lambang santun | lawan jêng pangran dipatya | malah asasêcan dènnya lambangsari | lan pangeran dipatya ||

22. pan mangkana prasêtyanirèki | pangran dipati mring sang kusuma | lah iya besuk ing têmbe | yèn ingsun madêg ratu | aywa sira sumêlang ati | pasthi ing besuk sira | sun jênêngkên ratu | iku yayi èstokhnê[106] | nanging kang garwa Pangeran Singasari | samana lirwèng ujar ||

23. apan adarbe rarêmên malih | radèn ayu ingkang rinêmênan | Radèn Dhobras kêkasihe | dadi alambang santun | lawan Radèn Dhubras anênggih | Radèn Dhubras punika | apan arinipun | kang ibu pangran dipatya | dahat duka samana pangran dipati | dèn sêtyai ngoncatan ||

24. apan malih Pangran Singasari | apan sangêt ing dukanira[107] | dening ing wau garwane | pan olah lambang santun | lawan Radèn Dhubras anênggih | nanging pangran dipatya | samana pan durung | kuwanguran jroning nala | lambang sari lan garwanira kang rayi | kapalang ingoncatan ||

25. mila tan taha pangran dipati | dènnya ngling mring Pangran Singasêkar | mangkana pangandikane | adhi kaya pa iku | de rabinya alambang sari | lawan si paman ika | kaya pa sirèku | sanadyan iku si paman | yèn alate kade

--- [229] [309] ---

piyangkuh tan bêcik | lêwih ing karsanira ||

26. nuntên Radèn Dhubras dèn apusi | dhatêng pangeran ing Singasêkar | mring kêbon alas puruge | sapraptaning ing ngriku | Radèn Dhubras dipun pjahi[108] | gènnya ambuwang tilas | linêbêtkên sumur | nulya tinanêman pisan | pan sinamun marmane iku katitik | wong dèrès kang uninga ||

27. wus prêmana gènnya angsal titik | nulya sigra pan ginrudugan[109] | anulya dhinudhuk age | wadya kèh kang andhudhug[110] | duk kapanggih kang punang jisim | marêngi ingkang arga | Marapi gumludug | kang jisim sampun pinêtak | kawarnaa kang ardi anggêgirisi | swara kadi rubuha ||

28. gumaludhug tan pêgat swarèki | lajêng ladhu mudhun alorodan | saking arga nurut lèpèn | myang kang sela atarung | pcahira pan kadya gêni[111] | ting pancorot katingal | anglir udan awu | ambèr nêmpuh padêdesan | pan akathah desa katêmpuh ing gni[112] | kathah wonge kang pjah[113] ||

29. pan samana gègèr wong Matawis | pan ngulama mukmin muji donga | sirna ladhu pandongane | surud kang punang ladhu | wong Mataram wus têntêrm malih | samana binabadan | babadirèng dangu | awarna muka pinanah | de sang batu akathah datan winarni | wadya lit wus raharja ||

30. tan winarna ing alami-lami | kawarnaa wau sri narendra | animbali ing putrane | timbalana nak ingsun | Ki Dipati Anom dèn aglis | ingutus sigra mintar | anulya cumundhuk | lan pangeran adipatya | sigra matur utusan anênimbali | jêngandika ngandikan ||

31. jêng

--- [230] [310] ---

pangeran adipati gipih | wus busana anulya lumampah | miyos bêbutulan age | datan suwe wus cundhuk | lan kang rama Rajèng Matawis | jêng pangeran tur sêmbah | sumungkêm ing suku | anè[114] lêbu dalamakan | sampun wungu anulya mundur wotsari | gènnya lênggah mangrêpa ||

32. jêng pangeran kalangkung dènnya jrih | mring kang rama manêku[115] angrêpa | yèn tinon kalairane | sakèhe kang andulu | padha angrês kang aningali | pangrêpane pangeran | kalangkung jrihipun | tan môtra tatraping putra | sri narendra kang putra tansah liniring | kadi mijil kang waspa ||

Catatan kaki:

1. cêploknya (kembali)
2. Lebih dua suku kata: pan sampun saos sadaya (kembali)
3. Kurang satu suku kata: poma èngêtêna kabèh (kembali)
4. Lebih satu suku kata: pêpak wadya Mataram (kembali)
5. Kurang satu suku kata: têkakêna ing karosannèki (kembali)
6. Kurang satu suku kata: jumênêng ing Mataram (kembali)
7. Kurang satu suku kata: jumênêng Kanjêng Susunan (kembali)
8. Kurang satu suku kata: pêdhang lawan sarampang (kembali)
9. Kurang satu suku kata: towok tulup panah pêdhang tamèng tamsir (kembali)
10. atarap (kembali)
11. Kurang satu suku kata: lirna kapêdhak agung (kembali)
12. Kurang satu suku kata: lawan Wôngsanagara (kembali)
13. anangkil (kembali)
14. karsaningsun (kembali)
15. angidhêp (kembali)
16. Kurang satu suku kata: ênêngêna samana (kembali)
17. Kurang satu suku kata: raka dika sampun jumênêng narpati (kembali)
18. Kurang satu suku kata: kang prayoga jumênêng aji (kembali)
19. Kurang satu suku kata: raka dalêm yèn sumêdya bêcik (kembali)
20. Kurang dua baris, baris ke-6 dan ke- 7. (kembali)
21. Kurang satu suku kata: lah uwa pan ing karsa mami (kembali)
22. wiyahên (kembali)
23. Kurang satu suku kata: ênêngêna kang anambut kardi (kembali)
24. apradandana (kembali)
25. wangsit (kembali)
26. Kurang satu suku kata: ênêngêna ingkang rumiyin (kembali)
27. anyuriga (kembali)
28. Kurang satu suku kata: Agrayuda wus pêjah (kembali)
29. Kurang satu suku kata: angrêrèndèng ing bêcike (kembali)
30. praptèng (kembali)
31. Kurang satu suku kata: mring atura lêlurahe (kembali)
32. Kurang satu suku kata: yèn mangkono uwus abêcik (kembali)
33. Kurang satu suku kata: ênêngêna Jêng Pangeran (kembali)
34. Kurang satu suku kata: Sumêngit wus pêjah age (kembali)
35. Kurang satu suku kata: ênêngêna samana (kembali)
36. bambang (kembali)
37. cidra (kembali)
38. Kurang satu suku kata: lah ta kaya ngapa (kembali)
39. Kurang satu suku kata: kang jumênêng ing Matawis (kembali)
40. Kurang satu suku kata: ingsun kapakêna (kembali)
41. Kurang satu suku kata: ênêngêna dipati (kembali)
42. Lebih satu suku kata: tan kêna dèn tuturi (kembali)
43. Kurang stau suku kata: arsa malêsa pêjah (kembali)
44. Kurang satu suku kata: ênêngêna Mataram ingkang kucapa (kembali)
45. Kurang satu suku kata: rame pêdhang-pinêdhang (kembali)
46. Kurang satu suku kata: marang ingkang pêjah (kembali)
47. Kurang satu suku kata: tiyang kang pêjah (kembali)
48. Kurang satu suku kata: yèn kang aprang angisis kathah kang pêjah (kembali)
49. Kurang satu suku kata: anduduk lan amêdhang (kembali)
50. Kurang satu suku kata: wong Mataram uninga yèn êmban pêjah (kembali)
51. Kurang satu suku kata: yèn Ki Rôngga wus pêjah (kembali)
52. nuli (kembali)
53. Kurang satu suku kata: Wiratanu uninga adhine pêjah (kembali)
54. gundam (kembali)
55. Kurang satu suku kata: kêris tulup pêdhang (kembali)
56. Kurang satu suku kata: prajurite kang pêjah (kembali)
57. winilis (kembali)
58. yèn (kembali)
59. Kurang satu suku kata: pan ênêngêna (kembali)
60. Kurang satu suku kata: pambêlahe kathah pêjah ing sanjata (kembali)
61. Kurang satu kata: ngadêg têngahing palwa (kembali)
62. Kurang satu suku kata: anèng têngah jaladri (kembali)
63. Kurang satu suku kata: wong Bali kèh pêjah (kembali)
64. Kurang satu suku kata: ênêngêna wong Bali ingkang kucapa (kembali)
65. Kurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 8a, akarsa angesahêna (kembali)
66. Kurang satu suku kata: pêjah akongsi apolah (kembali)
67. Kurang satu suku kata: pangeran jumênêng nata (kembali)
68. pambabarira (kembali)
69. Kurang satu suku kata: sapêjahe ingkang laki (kembali)
70. Kurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 8a, samana pan rinakitan (kembali)
71. Kurang satu suku kata: iki lah tamakêna (kembali)
72. Kurang satu suku kata: dene ingkang pinaringan (kembali)
73. Kurang satu suku kata: akathah pêjah dèn anglung (kembali)
74. Lebih satu suku kata: kathah wong kang anglung lênga (kembali)
75. Kurang satu suku kata: yèn wadya lit kathah pêjah (kembali)
76. Kurang satu suku kata: mangkono ta pêjahipun (kembali)
77. jabèn (kembali)
78. Mas (kembali)
79. Kurang satu suku kata: gènira jumênêng nata (kembali)
80. Kurang satu suku kata: ginadhang jumênêng ratu (kembali)
81. Kurang satu suku kata: ywa Pangran Singasêkar (kembali)
82. Lebih satu suku kata: Pangran Dipati Mataram (kembali)
83. Kurang satu suku kata: pan warnane iya bêcik (kembali)
84. Kurang satu suku kata: putune kang jumênênga (kembali)
85. Kurang satu suku kata: atur pêjah gêsangipun (kembali)
86. Kurang satu suku kata: pan ênêngêna karuhun (kembali)
87. anjunjung (kembali)
88. Kurang satu suku kata: atur pêjah gêsang ingong (kembali)
89. Kurang satu suku kata: ngaturkên pêjah gêsang (kembali)
90. Kurang satu suku kata: atur pêjah gêsangipun (kembali)
91. kurang satu suku kata: kang jumênêng ing Mataram (kembali)
92. Kurang satu suku kata: kang alêlawan kang bêcik (kembali)
93. mudhun (kembali)
94. Kurang satu suku kata: sakathahe wau kang seba tumingal (kembali)
95. konjêm (kembali)
96. Kurang satu suku kata: ngaturkên pêjah gêsang (kembali)
97. Kurang satu suku kata: ngaturakên pêjah gêsang (kembali)
98. Kurang satu suku kata: milanipun kang paman tur pêjah gêsang (kembali)
99. sineba (kembali)
100. Kurang satu suku kata: wong pawèstri ingkang abêcik (kembali)
101. Kurang satu suku kata: marang jênêng ingsun (kembali)
102. Kurang satu suku kata: ingkang abêcik warnane (kembali)
103. Lebih satu suku kata: angluwihi wong sanagari (kembali)
104. Kurang satu suku kata: nadyan pêjah gêsang amba (kembali)
105. Kurang satu suku kata: lare kulihêna mangke (kembali)
106. Kurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 8a, iku yayi èstokêna (kembali)
107. Kurang satu suku kata: apan asangêt ing dukanira (kembali)
108. Kurang satu suku kata: Radèn Dhubras dipun pêjahi (kembali)
109. Kurang satu suku kata: nulya sigra apan ginrudugan (kembali)
110. andhudhuk (kembali)
111. Kurang satu suku kata: pêcahira pan kadya gêni (kembali)
112. Kurang satu suku kata: pan akathah desa katêmpuh ing gêni (kembali)
113. Kurang satu suku kata: kathah wonge kang pêjah (kembali)
114. anèng (kembali)
115. manêkung (kembali)