Babad Mantaram, Wôngsadilaga, c. 1920, #578 (Pupuh 36-44)


36. Mijil

1. angandika sang nata amanis | lah ta putraningong | sun tingali sira wus agêdhe | pan wus pantês sikêpa dak rabi | pan ing karsa mami | rabia nak ingsun ||

2. iya ingsun olih tingal bêcik | putri ing Carêbon | aprayoga iya ing warnane | lan maninge putraning bupati | amêngku nagari | padha trahing ratu ||

3. lamun sira panuju ing ati | marang tuduh ingong | tingalana sang putri warnane | lah mintara mring wisma dipati | ing Carêbon kaki | mangkata lah kulub ||

4. ingkang putra tumulya wotsari | dènnya mundur alon | jêng pangeran ambanjur lampahe | tan kawarna ing marga wus prapti | wismane dipati | pan sampun atêmu ||

5. Adipati Carêbon wus uning | atampi pasêmon | yèn pangeran dipati praptane | mring Carêbon anonton-nontoni | ing putrinirèki | dipati agupuh ||

6. sampun marêk sang raja pinutri | ayunira kaot | lampahira pan rada [ra...]

--- [231] [311] ---

[...da] ginawe | sang dyah ayu tuhu yèn rêspati | wandane sawiji | rada wani kakung ||

7. jêng pangeran dipati ningali | manahira adoh | dening lanas sang putri tingale | datan kêna tinantang ing ati | manggihi têtami | dahat dening purun ||

8. wus waspada dènira ningali | tan ana karaos | ya ta têbih pangeran tingale | tan antara pangeran sigra mit | nulya sang dipati | ngatêrakên sampun ||

9. tan kawarna laminya ing mangkin | gantya winiraos | Wirarêja kucap gadhuhane | wus alawas amêpêg birai | ingkang saya adi | warnanira mancur ||

10. mangun kuswa pan sang dyah birai | kasmaran sang anom | arsa mampir ngabèi wismane | Wirarêja Pangeran wus prapti | malêbêt ing kori | anèng lataripun ||

11. sang dyah rara kapanggih ambathik | mandhapa wirangrong | kagyat mulat pangeran tingale | sang dyah rara anulya nglungani | bari nolih-nolih | angowahi gêlung ||

12. wus malêbêt ing wismanirèki | kawarna sang anom | jêng pangeran kadaut prayane | langkung êla-êla aningali | datan kêna angling | kagugu kang gêlung ||

13. Wirarêja gupuh aningali | mring dipati anom | pinêlayon rinangkul padane | Wirarêja matur awotsari | baya wontên kardi | inggih ta pukulun ||

14. jêng pangeran pinarak mariki | adhuh gustiningong | tumanduka pinarêk nak anggèr | pangeran maksih tan bisa angling | tan ana kaèsthi | mung wau kang gêlung ||

15. angandika pangeran aririh | mapan ingsun takon | èstri wau sintên kang aduwe | punapa putra dika

--- [232] [312] ---

pribadi | Ki Wirarêja ngling | aris aturipun ||

16. inggih gusti amba apan darmi | anggadhuh kimawon | pan kagungan rama dika anggèr | angsalipun pawèstri puniki | saking Surabanggi | Mangunjaya sunu ||

17. duk kapanggih èstri dèrèng akir | katur ing sang katong | tiningalan mring nata gêdhene | pramilane ginadhuhkên mami | benjing yèn birai | karsane pinundhut ||

18. dhawah dalêm benjing yèn birai | aturna maringong | mangke sang dyah sêdhêng biraine | benjing Kêmis karsa turkên inggih | sun saoskên gusti | katura sang prabu ||

19. jêng pangeran amiyarsa warti | sangsaya angamong | sigra bubar tan amit undure | wus anitih kuda cinamêthi | anyandêr kapati | ingkang ngiring kantun ||

20. sampun prapta ing dalêmirèki | lajêng mring paturon | pan kalangkung kasmaran galihe | sang dyah rara kacipta ing ati | tan akêna bukti | tansah mangu-mangu ||

21. êmban inya garjita ing ati | mulat mring sang anom | dening nora knê dhahar sareKurang satu satu suku kata: dening nora kêna dhahar sare | wus kaduga ingkang dadi brangti | ni êmban agipih | dhatêng eyangipun ||

22. pan asuwe kèn êmban wus prapti | Surabaya kang wong | nyai êmban anangis ature | matur nêmbah êmban mring dipati | wayah dalêm gusti | tansah ngênglêng mangu ||

23. pan kasmaran wingit aningali | sang dyah ayu kaot | Wirarêja pawèstri ênggène | sasêngkêranira sri bupati | angsaling pawèstri | ing Surabayèku ||

24. atmajane pun Mangunjayèki | pinundhut sang katong | kang punika pan dados brangtine | wayah tuwan tan kêna

--- [233] [313] ---

aguling | datan arsa bukti | mangke taksih mujung ||

25. jêng pangeran kagyat amiyarsi | aturing pamomong | pan kewuhan sajroning nalane | saking jrihe marang sri bupati | wau Ratu Pêkik | manahe anglampus ||

26. ingkang wayah dene anêng brangti | satêmah anglamong | ya dimène ingsun lampahane | nadyan dukaa sri narapati | tumêka ing jangji | pan ingsun wus sêpuh ||

27. putuningsun aja kongsi brangti | atêmah anglamong | ingkang garwa ingandikan age | sampun prapta sadaya kang rayi | sang dipati angling | payo padha latuh ||

28. apan iya mas putu dipati | kedanan wong wadon | pan sang nata sasêngkêranane | mangko payo padha labuh pati | kang garwa nuruti | kinanthi kang putu ||

37. Kinanthi

1. sang adipati amuwus | saosa tandhu lan jalijoli (dan di tempat lain). | kang kinèn sigra lumampah | tandhu joli wus cumawis | sang adipati lumampah | kang para garwa angering ||

2. para garwa nitih tandhu | pawongan lumampah sami | tan kawarna lampahira | Ki Wirarêja wus prapti | kang tunggu lawang tumingal | yèn Ratu Pêkik praptiKurang satu suku kata: yèn Ratu Pêkik aprapti ||

3. pan sampun katur puniku | Ki Wirarêja agipih | amêthuk nèng paregolan | mêndhak sarwi atur bêkti | Ki Wirarêja turira | paduka pinarak mriki ||

4. sang adipati amuwus | Ki Wirarêja nak mami | praptaningsun iki uga | arsa tutur mring sirèki | inggih putra pêkênira | kae putu mas dipati ||

5. pan ing mangke agung wuyung | sadhatênge saking ngriki | ing mangke karsa manira | yèn sêmbada mring sirèki | gêgadhuhan [gêgadhuh...]

--- [234] [314] ---

[...an] pêkênira | rara kênya ingkang adi ||

6. pan ing mangke ta puniku | sun jaluk tambaning agring | yèn ana dukaning nata | katêmua awak mami | sanadyan têmah apjahKurang satu suku kata: sanadyan têmah apêjah | manira angêlabuhi ||

7. Ki Wirarêja amuwus | punika panêdha mami | sampeyan adarbe karsa | amundhut dhatêng pawèstri | kawula dahat lênggana | ajrih dhatêng sri bupati ||

8. punika pan sampun katur | mila ginadhuhkên mami | rumiyin dèrèng diwasa | ing mangke sampun birai | pan anganti kalamôngsa | benjing katur ing narpati ||

9. paduka pan arsa mundhut | dhumatêng èstri puniki | dados punapa kawula | katura dhatêng sang aji | mendahane ingkang duka | kawula dipun pjahiKurang satu suku kata: kawula dipun pêjahi ||

10. Ratu Pêkik pan ajêtung | kèwêdan sajroning galih | pan miyarsa aturira | Wirarêja ambênêri | sang adipati kèwêdan | anulya ngandika aris ||

11. Ki Wirarêja nak ingsun | bnar saking sira ikiKurang satu suku kata: bênêr saking sira iki | yèn dadi dukaning nata | manira ingkang nangguhi | ingsun sih marang ing sira | manawa bêndu sang aji ||

12. intên kalih rêga sèwu | kalawan dhuwung kêkalih | pan ingsun lila mring dika | aja walangati malih | kewuhan ing manahira | Sang Ratu Pêkik sira ngling ||

13. Wirarêja anak ingsun | ing benjang wruhanirèki | ajrih dukane sang nata | manira ingkang nangguhi | ya ta sira datan salah | anjaluk marang pawèstri ||

14. pan sabênêr-bênêripun | puniku wawêngkon mami | wong têka ing Surabaya | pantês putu kang darbèni | para garwa sigra ngucap | mring rabinè ki ngabèi ||

15. ni mbok [mbo...]

--- [235] [315] ---

[...k] matumatur awèh ingsun | kancana kalawan picis | iya kalawan busana | lah tampanana nak mami | rabinè Ki Wirarêja | suka tyasira ningali ||

16. sêsotya tinampan sampun | pan sarwi mojar ing laki | kiyai kadi punapa | sira mnêng-mnêng ikiKurang dua suku kata: sira mênêng-mênêng iki | iya ta ajrih narendra | jêng pangeran kang nangguhi ||

17. lawan bênêr ujar ingsun | inggih ingkang andarbèni | pan angsale Surabaya | wawêngkone kangjêng gusti | layak lamun kagarwaa | marang pangeran dipati ||

18. môngsa duka sang aprabu | yèn pangeran ingkang ngambil | wingi ingsun pan miyarsi | pangeran tinari krami | mêngko ta pasang ayogya | ana kang dipun karsani ||

19. sanadyan dadosa bêndu | pan ana ingkang naguhi | punika karsa manira | ni rara katura mangkin | pangeran brôngta angarang | malah dadia jêjampi ||

20. Ki Wirarêja wus kencut | kagunturan mring kang rabi | ni rara sigra ingundang | wus prapta ngarsanirèki | sigra ingkang para garwa | ni rara sampun kinanthi ||

21. sang adipati amuwus | Wirarêja putra mami | iki silih wruhanira | gawe orêging nagari | dadi dukaning sang nata | yèn sisip ambêbayani ||

22. ingsun jarak yèn alabuh | nanging sêdyaningsun iki | putuningsun waluyaa | tulusa wibawa mukti | ingsun ingkang nglakonana | lara tumêka ing pati ||

23. masthi sang nata yèn bêndu | Wirarêja putra mami | sira benjing kasarakat | kadukan sri narapati | nanging karsaning Hyang Suksma [Su...]

--- [236] [316] ---

[...ksma] | mapan têntan kêna gumingsir ||

24. lah anak pamitan ingsun | Ki Wirarêja tur bêkti | sang dyah rara wus binakta | tinitihakên ing jali | Pangeran ing Surabaya | wus bubar lampahe aglis ||

25. lampahira pan ambanjur | prapta kadipatèn aglis | malêbêt sang adipatya | pan ingiring para rabi | Sang Dyah Oyi namanira | binakta sampun apanggih ||

26. kalawan sang rajasunu | pangeran ngandika aris | mas putu ja sira brôngta | manira angsal jêjampi | ingkang dadi brangtanira | rara kênya ingkang adi ||

27. lah ta bapa putuningsun | pangeran suka ing galih | sang rajaputra kasmaran | tumingal mring sang lir ratih | manahe tanpa rerehan | kang eyang sampun udani ||

28. iya sira putuningsun | aja sira walangati | yèn ana dukaning nata | manira ingkang naguhi | tumêka ing lara pjahKurang satu suku kata: tumêka ing lara pêjah | manira ingkang nglabuhi ||

29. ingkang wayah matur nuhun | sarwi sira awotsari | Pangeran ing Surabaya | angling putu ingsun mulih | pan karia têmantenan | sigra kudur sang dipati ||

30. sampun rawuh dalêmipun | kawarnaa ingkang kari | rajaputra ing Mataram | anulya nambut sang dèwi | binakta marang paprêman | sang dyah ayu pongah-pangih ||

31. raja pinutra angungrum | mas mirah ta ingsun gusti | kawula atur uninga | lami kawula ningali | wong ayu marang ing sira | tan kêna dhahar lan guling ||

32. andina-dina gung wuyung | amung sira kang kaèsthi | ing mangko rumôngsa gêsang | apanggih lan sira gusti | pan kadi katiban wulan |

--- [237] [317] ---

sêdhênge purnama sidhi ||

33. sang dyah ayu aris matur | manawi botên sayakti | sampun wataking wong priya | yèn darbe karsa mring èstri | lamun dèrèng kalampahan | basanipun sanggub asih ||

34. yèn katutugan ing kayun | aglis mungkure tan sipi | punika kawula mirsa | lumrah ujaring pawèstri | wataking priya mangkana | pilih kakung kang sayakti ||

35. angandika rajasunu | adhuh ariningsun gusti | bnêr kaya ujariraKurang satu suku kata: bênêr kaya ujarira | katêmu ujaring jalmi | yèn mungguh ingsun mas mirah | têka andêlên mas yayi ||

36. muga timbila sagênuk | yèn ingsun cidra mas gusti | kithinga tanganku kiwa | tumulya angling sang dèwi | ping kalih atur kawula | rêraga kawula gusti ||

37. rumiyin pan sampun katur | dhatêng rama paduka ji | dene ing mangke paduka | akarsa dhatêng ing kami | manawa duka sang nata | kawula dipun pêjahi ||

38. rajaputra alon ngrangkul | tur sami angaras pipi | arum ingkang pangandika | dhuh mas mirah ingsun gusti | manawa duka sang nata | pan ora ingsun gingsiri ||

39. nadyan tumêka ing lampus | wong kêkalih kang nglampahi | rajaputra angrarêpa | arsa dhatêngakên kapti | angungkih padoning wastra | sang dyah tangkis sarywa angling ||

40. dhuh pangeran kae sampun | andika karsa punapi | astane aguragaban | kang raka ngaras sarywa ngling | dhuh mas mirah kang sun têdha | kang dadi usadaning agringLebih satu suku kata: kang dadi usadaning gring ||

41. yakti ingsun mati wuyung | yèn sira tan anjampèni | yakti sun pjah angarangKurang satu suku kata: yakti sun pêjah angarang | yèn sira tan tulus asih | sang kakung sirasigra ngrarêpa | sang

--- [238] [318] ---

dyah ayu wus kagingsir ||

42. kagunturan ing pangrungrum | sang dyah sampun angladosi | sang kakung nêkakkên karsa | atutug kang karon rêsmi | sarêng wayah byar raina | sampun bêdhah kitha Mêsir ||

43. tan kawarna laminipun | rajaputra langkung asih | kalihe sami katrêsnan | ri sampuning lami-lami | sang nata andangu sang dyah | katur yèn sampun apanggih ||

44. kalawan sang rajasunu | mila kalampahan panggih | Pangeran ing Surabaya | punika kang anaguhi | sang nata kalangkung duka | mirsa sang lir gêndhis panggih ||

38. Dhandhanggula

1. sri narendra kalangkung aruntik | mring kang paman Pangran Surapringga | kumêjot padon lathine | Sri Narendra Matarum | pan saya kagugu rumiyin | duk Pangran Surabaya | kala atur-atur | sarta bakisar mring nata | sri narendra dukanira anêkani | mring Pangran Surabaya ||

2. malah sampun pangran dèn têlasi | apan lawan anak putunira | wong patang puluh kathahe | kang tinêlas ta wau | dene sira Narendra MatawisLebih satu suku kata: de sira narendra Matawis | sadaya ngêmu waspa | sakèh kang andulu | dening ta datanpa dosa | kawarnaa Kyai Wirarêja mati | dinukan mring sang nata ||

3. kinesahkên kang anak lan rabi | pan dinèkèk nagri Pranaraga | lami-lami têmahane | Wirarêja puniku | pinêjahan dening sang aji | wau kangjêng pangeran | dipati cinatur | dinukan dhatêng kang rama | sri narendra pan sangêt dènira runtik | timbalanya mangkana ||

4. timbalana pangeran dipati | Si Oyi iku

--- [239] [319] ---

dèn patènana | ywa dèn tanganana dhewe | yèn tan kalakon iku | sayaktine si adipati | pan dudu anak ingwang | sapamirsanipun | pangran timbalaning rama | sakalangkung asakit sajroning galih | ni rara gya pinatyan ||

5. anèng pangkon cinublês pribadi | pjahira sang rara punikaKurang satu suku kata: pêjahira sang rara punika | Ki Mangunjaya anake | ri sampun ta puniku | jêng pangeran dipati aglis | tinundhung mring Lipura | saking dalêmipun | ing kadipatèn samana | jinarahan èstrinipun dèn boyongi | linêbêtkên ing pura ||

6. miwah rajabrana apan ênting | jinarahan tan wontên kantuna | punapa dening dalême | sakadipatèn lêbur | apan têlas dipun obongi | tan winarna laminya | dhawuhi babêndu | pangeran wus ingapura | de sang nata wus tinêtêpakên malih | ing dalêm kadipatyan ||

7. pan samana Sang Prabu Matawis | apan owah ingkang kina-kina | lamine tan kadi mangke | anggêlarakên wau | wêsiasatira nglangkungi | kathah ngalap-alapan | mantri myang tumênggung | bupati miwah santana | sami risak manahe wong samatawis | dalajat Prajalêngka ||

8. pan akathah wau kang winarni | pan grahana surya lawan wulan | alimut obar-abire | dalu lintang kumukus | udan salah môngsa kang prapti | jalajating nagara | rêngka kèh kadulu | ya ta ingkang kawarnaa | Jêng Pangeran Dipati Anom Matawis | kang ngrêdatin ing nala ||

9. ingkang dados brangtining wiyadi | sasedanira wau kang eyang | kang dados wode galihe | Pangran Surabayèku | dening

--- [240] [320] ---

kêdhik dosanirèki | kongsi tumêkèng pêjah | sanakputunipun | miwah kang para santana | ing Mataram tan ana eca kang galih | myang bupati satriya ||

10. nanging para bupati Matawis | amung kang tansah ingarsa-arsa | kang prayoga jumnêngeKurang satu suku kata: kang prayoga jumênênge | narendra nèng Matarum | pra santana miwah bupati | sadaya sami rêmbag | pangran jênêngipun | nanging pangeran dipatya | duk samana tansah kewran jroning galih | dening taksih kang rama ||

11. yèn jumnênga anèng MatawisKurang satu suku kata: yèn jumênênga anèng Matawis | kayapriye ênggène ngêndhiha | ing rama prabu jênênge | mandah ta ucapipun | nagara lyan ingkang ngraosi | iya kucaping jana | katujua purun | bapa amêngsah atmaja | dadya pangran dipati tansah ngulari | kang kinarya warana ||

12. angulari kang prawira sakti | watara kang kuwawi angrata | nagara Mataram kabèh | nanging ta dèrèng antuk | kang karaos dadosa kanthi | ingkang amiwitana | ing karsa puniku | anêlukhna kang wadyaKurang stau suku kata: anêlukêna kang wadya | ya ta pangran dipati micarèng ati | mangkana ciptanira ||

13. datan ana prayogane malih | liyane si eyang KajoranKurang satu suku kata: saliyane si eyang Kajoran | sun karya ling-aling mangke | dening prakoswa iku | lan asêkti sangêt tapèki | si eyang ing Kajoran | ing wataraningsun | kawawa bdhah MataramKurang satu suku kata: kawawa bêdhah Mataram | adipati anom wus kinèn nimbali | lêlurahe têtiga ||

14. kang aran Pranataka lan Sêndhi | katiga aran Ki Andakara | wus praptèng samya ngayune | pangran dipati muwus | lah dèn padha karasèng galih | iya sira dèn bisa | ngong dua sirèku [si...]

--- [241] [321] ---

[...rèku] | alah iki aturêna | sêrat ingsun mring eyang Kajoran aglis | poma wawêkas ingwang ||

15. lah dèn kon dang si eyang mariki | matura yèn ingsun duwe rêmbag | mring eyang Kajoran mangke | Apranata wotsantun | Andakara nampèni tulis | kalih wus atur sêmbah | lumèngsèr king ngayun | lampahe gêgancanganKurang satu suku kata: lampahe agêgancangan | datan dhêmit lampahira tan winarni | wus prapta ing Kajoran ||

16. Pranantaka wus akintun wêling | dhatêng sira Panêmbahan Rama | kalamun wontên dutane | Dipatyanom Matarum | lampahira amawi tulis | Pangran Kajoran sigra | têdhak dènnya lungguh | arsa manggihi utusan | apan sampun tinimbalan duta kalih | ngawe dèn kaparèng ngarsaLebih satu suku kata: ngawe kaparèng ngarsa ||

17. ri sampunnya samya tata linggih | Andakara aris aturira | lampah kawula kinèngkèn | de wayah tuwan niku | jêng pangeran dipati angling | kinèn amba marêka | ing tuwan pukulun | kinèn ngaturakên sêrat | ywa Pangeran Kajoran gya tampi tulis | sêrat sigra binuka ||

18. gya winaca sinuksmèng ing ati | pêngêt bêbukaning ingkang sêrat | Jêng Pangeran Dipatyanèm | kaatura puniku | mring pun kaki Kajoran nênggih | ingkang adi utama | ing sasampunipun | ingkang kadya sapunika | wiyosipun andika kula aturi | pinaraka Mataram ||

19. saking èmêng kang manah ta mangkin | pramilane ngaturi paduka | pan tan [ta...]

--- [242] [322] ---

[...n] wontên prayogane | kamadhangên ing kalbu | liyan saking pun kaki ugi | kang junjunga wak ingwang | tan ana lyanipun | mung pun eyang ing Kajoran | ingkang yogya ing mangke kula tangisi | sampuning maca surat ||

20. panêmbahan mêgêng jroning galih | kayangapa baya ingkang karsa | jêng pangeran iki mangke | datan anduga ingsun | pasêmone surat puniki | dening ngong tinimbalan | tan kawarna wau | kerit Pangeran Kajoran | mring Mataram datan kawarna ing margi | ing kadipatèn prapta ||

21. Ki Prananta wus ngaturi uning | mring gustine pangeran dipatya | yèn pangeran prapta mangke | Pangran Kajoran nêngguh | angandika pangran dipati | lah mara aturana | si eyang malêbu | ya ta sampun tinimbalan | ya Pangeran Kajoran pangran dipati | pan wus tata alênggah ||

22. pasêmone pinanggih pribadi | panêmbahan lan pangran dipatya | kang abdi tinundhung kabèh | Andakara kang kantun | lawan sira Kiyai Sêndhi | katiga Pranantaka | aris dènnya muwus | wau pangeran dipatya | mring Pangeran Kajoran eyang pan nênggih | eyang inggih sandika ||

24. mila inggih kawula aturi | kula arsa gunêm papikiran | yèn arêmbag eyang mangke | dening nagri Matarum | salamine tan kadi mangkin | eyang mangke punika | tiyang samatarum | sami risak manahira | pra santana tan wontên eca kang galih | miwah para dipatya ||

25. dening mangke Sang Prabu Matawis | apan beda lan kang kina-kina | pramila eyang ing mangke | inggih kawula tantun | lamun rêmbug andika kaki [ka...]

--- [243] [323] ---

[...ki] | karsane wong Mataram | bupati tumênggung | miwah kang para santana | pamanira jinunjung dados narpati | anggêntèni jêng rama ||

26. jumnênga prabu ing MatawisKurang satu suku kata: jumênênga prabu ing Matawis | nanging manira eyang kèmêngan | dening ta puniki taksèh | jnênge rama prabuKurang satu sku kata: jênênge rama prabu | mandah silih ucaping jalmi | lamun kongsi manira | mungsuh rama prabu | kaya pa polah manira | dening bapa lan anak arêbut puri | iku merang manira ||

27. mila pun kaki mangke ngong tari | arsa ngong karya waranèng yuda | yèn rêmbag kaki karsane | ngrêbata ing Matarum | pan manira ingkang beyani | ingkang warni gêgaman | myang rajabranèku | sakarsa dhatêng sumôngga | sampun dika eyang ngantos walanggalih | ing pangraos kawula ||

28. yèn andika saèstu ambalik | para mantri Mêntawis sadaya | kadi yèn ambalik kabèh | sakêdhik kang akantun | pan kawula ingkang mangsiti | nanging dika kenginga | eyang karsaningsun | andika sun karya gêlar | ywa Pangeran Kajoran turira aris | gusti lamun kenginga ||

29. dipun sumêne gusti ing galih | pan nagari Mataram punika | kagungan paduka anggèr | lamun seda sang prabu | sintên yogya ingkang gumanti | liyan pangran dipatya | tan na yogyanipun | pan dipun sabar ing karsa | môngsa wande ing têmbe gusti dhatêngi | sampun agege môngsa ||

30. pan ngandika pangeran dipati | inggih lêrês ing pemut andika | eyang tan wontên dedene | nanging dede puniku | ing manira karsakkên mangkin | lah kadipundi eyang | dhatêng dika turut | karsa manira punika | pan andika ngong arsa ge aling-aling | junjung lênggah manira ||

--- [244] [324] ---

31. Pangran Kajoran èmêng ing galih | dening kangjêng pangeran dipatya | asangêt ing panggubêle | Pangran Kajoran wau | ya ta emut sajroning galih | yèn darbe mantu ika | prawira ing kewuh | anama Dyan Turnajaya | tur prajurit ingkang pêputra ing nguni | nênggih Dêmang Malaya ||

32. ingkang pêjah pan kala kariyin | pêrang lawan Pangran Danupaya | ing sasedane ramane | Trunajaya sih timur | ingkang paman ingkang gêntèni | kang anèng ing Madura | nênggih namanipun | Adipati Cakraningrat | nanging tiyang wong Madura agêng alit | tan ana bècèngbèncèng manah ||

33. apan namung Trunajaya nênggih | ingkang tansah pan ingarsa-arsa | dening wong Madura kabèh | Ki Trunajaya iku | kalanira duk misih alit | angèngèr ingkang paman | lama-lama iku | Trunajaya pan diwasa | winastanan wau saya angranuhi | mring putrane dipatya ||

34. milanipun arsa dèn pêjahi | Trunajaya nanging wong Madura | akathah wlasasih kabèh | mila gêsang puniku | pan angungsi Pangran Dipati | Trunajaya punika | nanging sakèhipun | wong kadipatèn sadaya | sinorogan marang sira Sang Dipati | Cakraningrat ing Sampang ||

35. pinrih aja katur dènnya ngabdi | milanipun kaki Trunajaya | samana pangawulane | tan antuk marginipun | ambalayang saparannèki | apan kalunta-lunta | lama-lama iku | pinêndhêt mantu Pangeran | ing Kajoran sakalangkung dènira sih | wantune wong atapa ||

36. Pangran Kajoran pan wêruh wadi | wus uninga [u...]

--- [245] [325] ---

[...ninga] yèn Ki Trunajaya | dadi prajurit ing têmbe | ingkang sayogya iku | bisa ngobahakên ing benjing | nagara ing Mataram | milane ingugung | dèn êmong sapolahira | mring Kajoran Pangeran puniku nênggih | wontên ingarsa-arsa ||

37. Pangeran Kajoran ngandika ris | yèn makotên gusti ingkang karsa | kawula pituduh bae | kawula darbe mantu | Trunajaya ingkang wêwangi | putranipun Ki Dêmang | Malaya kang lampus | lan Pangeran Danupaya | pan punika macisti apan prayogi | kinaryaa wêrana ||

38. angadêga nèng Madura benjing | dening gusti wirayat kawula | mèh tumêka ing jangjine | nagri Mataram sêpuh | apan sampun karsane Widhi | nagri Mataram rêngka | sirna jênêngipun | inggih nagri ing Mataram | datan kêna gingsira apan wus pasthi | yèn rusak kang nagara ||

39. nanging kantun ingkang amiwiti | benjing gusti pasthi lamun ana | ingkang mimitimiwiti ing gawe | wikana sangkanipun | wus pinasthi karsaning Widhi | kang ngrusak ing Mataram | têkèng jangjinipun | nanging ta gusti kawula | apa lumuh kapiawon ing rama ji | amiwitana karya ||

40. mila kawula akarya wakil | Trunajaya wus awak kawula | pangeran dipati linge | kawula ayun wêruh | alah eyang dika timbali | kang aran Trunajaya | risak sinatuhu | Trunajaya tinimbalan | sampun prapta samana ngarsaning gusti | pangran rêsêp kang manah ||

41. Pangeran Kajoran ngandika arisLebih satu suku kata: Pangran Kajoran ngandika aris | mila sira iki tinimbalan | ing gustimu nah ing anggèr | tinari sirèng kewuh | lamun sira [si...]

--- [246] [326] ---

[...ra] kaki tan becik | ya kinarya warana | tumêka ing lampus | sira pan kinèn awayang | awakira iya kaki karya ringgit | alah sira dèn bisa ||

42. yèn paringgitira datan bangkit | ing awayang narajang kêkêran | gonira angringgit radèn | paka prubuhan panggung | pasthi sira tumêkèng pati | Trunajaya anduga | sêmune sang wiku | yèn kinarya lêlampahan | aturipun andika datan gumingsir | nadyan tumêkèng pêjah ||

43. anglampahi ayahaning gusti | nadyan lêbura kadi pratala | ingkang abdi upamine | tan garantês sarambut | suka lila tumêkèng pati | pangeran adipatya | asuka tyasipun | dening wau amiyarsa | ing sanggupe Trunajaya tan gumingsir | amêngsah ing Mataram ||

44. angandika pangeran dipati | alah iya pan Ki Trunajaya | ing Sampang sun têdhakake | nanging ta wêkas ingsun | Trunajaya sira dèn bangkit | ingsun karya warana | dèn samun ing laku | lah uwis sira muliha | marang Sampang sira irupa pribadi | wong Sampang tamanaya ||

45. alah sira bêbêga tumuli | aja ana seba mring Mataram | wong ing Sampang sarupane | dimèn dipatinipun | nèng Mataram kari pribadi | dening parabotira | kang belani ingsun | ngadêga anèng Madura | nêlukêna pasisir môncanêgari | sira awiwitana ||

46. Trunajaya anêmbah nuhun sih | tan kawarna ing sasolahira | Pangran Kajoran wus mulèh | kalihan putranipun | Trunajaya [Truna...]

--- [247] [327] ---

[...jaya] ingkang wêwangi | arsa mulih mring Sampang | apan ta wus rêmbug | lawan Panêmbahan Rama | ingkang putra kinèn miwiti kariyin | ngadêga Surabaya ||

47. dene besuk yèn kuwur Matawis | ingsun nusul iya marang sira | iki ta uwus ungsume | ing Mataram wus sêpuh | wus pinasthi dening Hyang Widhi | sirna jênêng Mataram | ya wirayatipun | milane sira ngong duta | miwitana pasti bêdhahing Matawis | dening wadya Madura ||

48. sampun têlas dènira mamêling | Trunajaya wus mulih mring Sampang | lawan saanak renare | tan kawarna ing ênu | ing Madura pan sampun prapti | Pangeran ing Madura | nèng nagri Matarum | wong Madura kèh amapag | Trunajaya samana pan sampun prapti | ing dalême kang paman ||

49. datan ana awani malangi | ya punika gustinipun lama | kang ngajêng-ajêng slawase | ingkang rama karuhun | ing Madura ingkang duwèni | milanipun wong Sampang | sadayane suyut | kang datan ece ing manah | wong Madura apan ta ingantêp wani | mring Radèn Trunajaya ||

50. iya pira lamine ing mangkin | wong Madura tan seba Mataram | binêbêg atur wanine | wong Madura sumuyud | marang Trunajaya wus rakit | sêdya mungsuh Mataram | tan kawarna wau | pan aganti cinarita | nênggih wontên papêlayon sêdya ngungsi | saking nagri Makasar ||

51. apan kawon arêbat nagari | sakadange milane ngajawa | lawan saanak renare | ambêkta wong rongèwu | Krèng Gêlingsong ingkang wêwangi | lawan prajuritira | aran Busungmarnung | aran [ara...]

--- [248] [328] ---

[...n] Panji Karunuban | Dhèng Makincing lawan Dhaèng WiragniKurang satu suku kata: Dhèng Makincing lawan Dhaèng Wiragêni | iku prajuritira ||

52. watakipun wong kawon ajurit | sangu têlas samana ngrêrayah | lir singa lodra solahe | wong paminggir misuwur | wong Makasar ingkang nginggahi | prasami angrêrayah | wong paminggir mawut | nagari ing Pajarakan | kang rinayah ing jro kitha apan ênting | pan têpis wiring telas ||

53. Pajarakan pan sami angili | pan saanak rayate puyêngan | sadaya giris manahe | lan dede bangsanipun | wong Makasar anggêgilani | dene panggêdhenira | amondhok ing Dêmung | wong têpis wiring kang wetan | kang kacakan apan samya dèn jarahi | angili papuyêngan ||

54. apan misih anèng ing Matawis | sira Ngabèi ing Pajarakan | mila suwung nagarane | ya ta ingkang winuwus | Sri Narendra Natèng Matawis | pan lagya siniwaka | wau jêng sinuhun | pêpak ingkang para putra | myang santana satriya para prajurit | andhèr anèng paglaran ||

55. ingkang munggwing ngarsaning narpati | Pangran Dipati Anèm Mataram | ajajar lawan arine | Pangeran Singasantun | lawan Pangran Pugêr anênggih | Pangeran Martasana | ingkang munggwing ngayun | anuli para santana | Jêng Pangeran Purbaya samya anangkil | Jêng Pangran Pringgalaya ||

56. lawan Radèn Tumênggung Matawis | lawan sira Jêng Pangran Balitar | Wiramênggala jajare | Wiratmaja nèng pungkur | Dyan Prawiratruna anangkil | lawan Panji Karsula | Wirakarti ngayun | Tumênggung Mangunnagara | samya pêpak para Bupati Matawis | andhèr ing pagêlaran ||

--- [249] [329] ---

57. wadanane wong môncanagari | Darmayuda sira Pasuruhan | apan ta wau apepe | anèng waringin kurung | sakancane para bupati | Ngabèi Prabalingga | lawan jajaripun | Naladika ing Caruban | Wirasaba Ki Ngabèi Wiragati | Ngabèi Pajarakan ||

58. Ki Ngabèi Gêmbong Wôngsagati | tiyang môncanagara sadaya | nèng waringin kurung pepe | kapirsa mring sang prabu | angandika Natèng Matawis | sapa kang pepe ika | nèng waringin kurung | umatur Pangran Purbaya | inggih abdi paduka sri narapati | Ngabèi Darmayuda ||

59. sakancane ing môncanagari | sami pepe nèng waringin kêmbar | sri naranata dêlinge | marang gandhèk pangayun | timbalana mring ngarsa mami | tiyang gandhèk agêpah | lampahe lumayu | nimbali Ki Darmayuda | sakancane agêpah kang dèn timbali | lumayu mêmêdhapanmêmêndhapan ||

60. prapta ngajêngan sri narapati | mukanira konjêm ing pratala | kang sowan sumuyut kabèh | angandika sang prabu | apa sira pèpèkkên kami | Darmayuda tur sêmbah | kawula anuhun | ngaturakên pêjah gêsang | Darmayuda tiwas pan têngga nagari | ing tampingan brang wetan ||

61. wontên mêngsah Makasar nginggahi | watawise wontên kalih nambang | pun Galengsong pangajênge | langkung dening arusuh | angrêrayah ing têpis wiring | nagari Pajarakan | kang rinayah gêmpur | abdi dalêm mapuyêngan | kang abôngga apan sami dèn pjahiKurang satu suku kata: kang abôngga apan sami dèn pêjahi | ingkang nutub rinayah ||

62. risak abdi dalêm têpis wiring | nênggih tiyang Makasar punika | wontên [wo...]

--- [250] [330] ---

[...ntên] Dêmung panggêdhene| kawula nuwun bêndu | kadospundi karsa narpati | sang nata ing Mataram | angandika arum | yèn mangkono Darmayuda | lah sakèhe iya wong môncanagari | nuli padha muliha ||

63. alah sira papaga tumuli | ingkang mungsuh Makasar punika | brang wetan kêrigên kabèh | angluruga mring Dêmung | lah sun wèhi sira tatêndhihtatindhih | Si Karsula miyanga | nindhihana laku | prange wong môncanagara | anggawaa lah sira mantri panumping | wong sèwu numbakanyar ||

64. wontên lurah apan Saragêni | sira Angabèi Wôngsadipa | ya ta ingandikan age | sampun jinunjung lungguh | pinatêdhak sira nagari | ing Japara punika | nuli kinèn mantuk | anakmu sira gawaa | lawan sira Si Ngabèi Jagapati | lawan Jagamênggala ||

65. iya lawan ta Si Wiragati | padha milua marang Japara | dening lêlurahmu dhewe | sira wèhna anakmu | ya Si Tanumênggala iki | tugura ing Japara | SaragniningsunKurang satu suku kata: Saragêniningsun | Sigunturgni miluaKurang satu suku kata: Sigunturgêni milua | lan Si Gulubêdhil sèrèdên tumuli | iya marang Japara ||

66. iya lawan lurah wong pasisir | ya Si MangunanêngMangunonêng ya milua | marang Japara sakèhe | pan dimène atugur | nèng Japara dèn ngati-ati | wau sri naranata | samana wus kundur | dhumatêng ing dalêm pura | ingkang sowan bubar saking pôncaniti | nêmbang yuda kanaka ||

39. Pangkur

1. orêg wadya ing Mataram | anèng taji dènnya amêpêk baris | wong môncanagara kumpul | Darmayuda Suruhan | ambêlabar [a...]

--- [251] [331] ---

[...mbêlabar] gêgaman wus anèng ngayun | watakipun wong Mataram | wau kang dados têtindhih ||

2. para bupati brang wetan | sadayane samya wismèng Matawis | anèng ing taji akumpul | Warung lan Garobogan | ing Sasela ing Balora wus akumpul | ing Jipang lan Jagaraga | Kaduwang lan Pranaragi ||

3. Madiun ing Pamagêtan | ing Kalangbrèt kumpul lawan wong Rawi | ing Kadhiri wus akumpul | Sarêngat lan Balitar | Wirasaba Pasuruhan wus akumpul | prasami anata bala | ing Rampèl lawan ing Tangi ||

4. gêgaman wus amêlatar | yèn dinulu kadi prawata sari | lêlayu lan umbul umbul | katub ing samirana | kadya ombaking samudra yèn dinulu | gêgaman awarna-warna | pan kadya prawata sari ||

5. gêbyaring sanjata lanang | kadya kilat yèn tinon angajrihi | bêndhe tinêmbang angungkung | angrok swaraning bala | kadi gêrah kriciking watang atarung | asrang gadêbêging bala | kadi udan sinêmèni ||

6. waos binang winêgigan | laring banyak tiningalan tulya sri | waos bung ampèl lan wargu | cêmêngkum bala badhak | kang jininggring waos cêmêng munggwing ngayun | lêlayu pan tinon amyang | wong satus kang numbak putih ||

7. ya ta wau kawarnaa | Panji Sula kang dados senapati | iya ing Japan akumpul | iku santananira | ki apanji saking Japan angsalipun | milu nagara ing Japan | sinungakên ing sang aji ||

8. lan dadi wadananira | wong panumping punika kang sapalih | ya

--- [252] [332] ---

ta asiyaga sampun | sadandananing yuda | titihane apan kinapanan samKurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 12u, titihane apan kinapanan sampun | kang bala umyung gumêrah | pan sami saos ing jawi ||

9. lagya apamit ing garwa | para putra nangis samya bondhèti | apan sami kêdah tumut | ing rama mangun yuda | ingkang rama datan suka tansah ngimur | mring putra myang para garwa | Panji Karsula mangkya ngling ||

10. lah uwis padha karia | dèn abêcik iya sapungkur mami | kaya ingsun ora mantuk | yayi pangrasaningwang | lamun ingsun yayi tumêka ing lampus | ingsun titip putranira | dening iku maksih alit ||

11. kang garwa matur karuna | mila dika kiyai andarbèni | pangandika kang kayèku | dening sumêdya ngawulaLebih satu suku kata: dening sêdya ngawula | mugi dika tulusa ngong awu-awu | nora bisa angawula | liyane saking kiyai ||

12. Panji Karsula ngandika | apan uwis karasèng jroning ati | inggih mungsuh ingkang rawuh | kalangkung dening awrat | apan ingsun pinitayan ing sang prabu | ingsun kinèn nindhihana | prange wong môncanagari ||

13. yèn tan ngêntasana karya | pasthi ingsun yayi pan wirang mulih | tan kawarna solahipun | samana sampun bubar | kang tinilar sami karuna gêng wuyung | sira Ki Panji Karsula | bubar kang bala angiring ||

14. pan wong sèwu numbakanyar | wong Bumija kalawan wong panumping | gêgaman abra dinulu | kadi prawata sêkar | tan kawarna ing taji pan sampun rawuh | têmpuh gêgaman Mataram | kalawan môncanagari ||

15. pêpakan para niyaka | sakèh môncanagara rêmbag pikir | Panji

--- [253] [333] ---

Karsula amuwus | nêdha sami arêmbag | sampun wontên apradudonaning laku | lah nêdha pinatah-patah | pangawat kiwa lan kering ||

16. ing mangke rêmbag kawula | Ônggajaya dadi pangawat kering | anindhihana ing laku | wong Jipang lan Balora | ing Kaduwang Pamagêtan lan Madiun | ing Warung lan Garobogan | dadia pangawat kering ||

17. dene kakang Darmayuda | anèng kanan kang dadia têtindih | dèn sami prayitnèng kewuh | kang dipun tindhihana | wong garêsik punika sawarnènipun | Sarêngat lawan Balitar | Prabalingga lan ing Bangil ||

18. kang dadi cucuking tingal | wong Kadhiri lawan wong Pranaragi | Wirasaba kanthinipun | lawan wong Kartasana | benjing têmah aja na mundur ing kewuh | yèn ana mundur ing rana | sun sosok têka ing wuri ||

19. manira kang dadi dhadha | sun akanthi iya mung wong Matawis | sadaya sami arêmbug | sakèh para dipatya | enjing bubar kang bala umyung gumuruh | asrang lan kriciking watang | kadi udan sinêmèni ||

20. untabing punang gêgaman | yèn sinawang kadi prawata sari | swarane bala gumuruh | ing rowang kadi gêrah | kang gêgaman awarna-warna dinulu | kadya wukir kawêlagar | tanpa wilangan kang baris ||

21. datan kawarna ing marga | nagri Japan samana sampun prapti | atatan-tatan akumpul | sami prayitnèng baya | wus atata sigra laju lampahipun | sigra ngatêpngantêp ing ayuda | kang wadya kagiri-giri ||

22. ya ta kawarnaa | wong Makasar sampun midangêt warti |

--- [254] [334] ---

yèn wong Mataram arawuh | kêrigan wong brang wetan | pan sumêdya amapag marang ing Dêmung | wong Makasar amêlatar | tan sêdya mundur ing galih ||

40. Durma

1. wong Mêkasar wus kukuh bêbitingira | balowarti wus inggil | wus prayitnèng baya | wêtara kalih nambang | wong Mêkasar anginggahi | wana kêkitha | anèng Dêmung wus rakit ||

2. Ja Galengsong sineba dening kang bala | miwah ingkang prajurit | lan kang pra santana | ingkang sami katrêsnan | ingkang ngêtutakên maksih | samya prawira | tate amangun jurit ||

3. Raja Glengsong angandika mring santana | aran Dhaèng Makincing | lah kapriye bapa | wartane wong Mêtaram | ing wartane êmèh prapti | apan sumêdya | anggêcak marang mami ||

4. sigra Dhaèng Makincing wau turira | èstu ujaring warti | tiyang ing Mêtaram | lawan môncanagara | sumêdya gêcêk ing ngriki | kadya mèh prapta | amapag ing ajurit ||

5. Raja Galengsong sigra dènnya ngandika | iya bapa abêcik | lamun wong Mêtaram | amapag marang ingwang | yèn muliha anak mami | marang Mêkasar | langkung dening aisin ||

6. angur ingsun miyanga nagri ing Jawa | pan ora sae mulih | angur ngong lajua | aja tanggung ing lampah | sun bêdhahe ing Mêtawis | angur matia | mulih tan antuk kardi ||

7. lah sakèhe wong ingsun têka Mêkasar | padha sun ajak mati | ywa tanggung ing lampah | angur payo lajua | parandene sira mulih | tan olih [o...]

--- [255] [335] ---

[...lih] karya | ajur matiyèng ngriki ||

8. wong Mêtaram prapta yèn ngantêp ing yuda | lah papagên tumuli | yèn kakehan lawan | iya padha mundura | ywa padha ngamuk ing wêngi | dimène uga | kuwur tangkêping jurit ||

9. sampun rêmbag sakèhe para santana | dyan kawarnaa malih | wadya ing Mataram | saha bala sumahab | sumêdya angantêp jurit | pinaju tiga | amapag ing ajurit ||

10. kang amêtu kilèn wadya ing Mataram | ingkang mêdal ing kering | sira Ônggajaya | lawan sakancanira | ingkang mêdal kanan singgih | Ki Darmayuda | sakancanya ngêbyuki ||

11. kadi gêrah surake wadya Mataram | sami prayitnèng wèsthi | bêbiting Makasar | apan sampun anglela | inguluk-ulukan bêdhil | suraking bala | lir udan awor angin ||

12. wong Makasar sampun miranti sadaya | anèng sajroning biting | arsa mêtonana | yudane wong Mataram | Raja Galengsong nindhihi | pan sampun mênga | wau lawanging biting ||

13. kadya gêrah surake wadya Mataram | miwah môncanagari | binendrong sanjata | wong Makasar tan obah | tatiyang môncanagari | sarêng amara | kanan kalawan kering ||

14. prit anêba pêrange bala Makasar | sampun têmpuh ing jurit | nanging wong Makasar | pan kêkathahên lawan | bingung tangkêbing ajurit | pinaju tiga | pan karubuhan wukir ||

15. kadar pira kathahe tiyang Makasar | mêngsah môncanagari | pan karoban mêngsah | ya ta wadya Makasar | pêrangira pan kalindhih | mundur sadaya | nêdya

--- [256] [356] ---

asor kariyin ||

16. gènnya pêrang apan dèrèng angsal papan | milane pan kalindhih | ing palayunira | sami angungsi wana | ngalumpuk dadi sawiji | wadya Mêtaram | surake wanti-wanti ||

17. apadene mungsuhira kapêlajar | wong Mêkasar agusis | wau ngungsi wana | pan sami ngungsi guwa | panyanane tan ngudhili | anggôndra pira | mungsuhira akêdhik ||

18. bitingira apan arsa dipun bêdhah | karsane dèn jarahi | kang sami tinilar | darbèke wong Mêkasar | nanging kasaput ing wêngi | Panji Karsula | ngandika angundhangi ||

19. alah mêngko aja ana wong ngêrayah | dene kasaput wêngi | sira antèkêna | iya ing benjang enjang | sira ambêdhaha biting | jêjarahana | dene kang duwe gusis ||

20. sampun mundur wadyabala ing Mêtaram | miwah môncanagari | samya masanggrahan | anèng ing ara-ara | dening kasaput ing wêngi | andhèr akapang | wadyabala ing MêtawisLebih satu suku kata: wadyabala Mêtawis ||

21. sawarnine sami eca manahira | nora duwe kuwatir | dening mungsuhira | sirna sami lumajar | milane eca kang galih | cucul busana | kuda wus dèn uculi ||

22. pinaluwangakên sakèhing gêgaman | mawur têtiyang alit | sami pamondhokan | sawênèh guyang kuda | asuka-suka ing wêngi | nèng pondhokira | tan nganggo dèn ropohi ||

23. kang sawênèh eca dènira anendra | dyan kawarnaa malih | têtiyang Mêkasar | ingkang angungsi wana | asêdya aso [a...]

--- [257] [337] ---

[...so] kariyin | nora apisah | sabaturnya arakit ||

24. wong Mêkasar sadaya ingkang lumaywa | sêdyane abaliKurang satu suku kata: sêdyane pan abali | sarowang wus rêmbag | ing wau sêdyanira | arsa angamuk ing wêngi | sêdhênge mangsah | wong Mêtaram wus guling ||

25. sampun sami apradandan anèng wana | watara têngah wêngi | Galengsong ngandika | payo sêdhênge mara | amukên ing wong Mêtawis | aja na pisah | barênga ing ajurit ||

26. yèn anêmpuh payo poma babar pisan | aja sira êgopi | angamuka rampak | lah kawusêna pisan | pamondhokane ing mangkin | sira obonga | dimèn kuwur wong cilik ||

27. lah tunjangên ingkang parêk tumbakana | sampun arêmbag pikir | anulya umangsah | lan sagêgamanira | sêdya angamuk ing wêngi | pan pinilihan | têtiyang kang abêcik ||

28. tan akathah wong Mêkasar kang umangsah | wêtara kawan biting | apan ta sadaya | sami ing pênêdira | Galengsong kang anindhihi | pan sampun prapta | pondhoke wong Mêtawis ||

29. wong Mêtaram sami eca ingkang manah | tan adarbe kuwatir | ingkang wikan amojarLebih satu suku kata: ingkang wikan mojar | lah apan batur apa | swarane pating barêkik | lah oborana | sawênèh anauri ||

30. ika buron wana maring pamondhokan | ya ta nora aganti | nrajang pasanggrahan | wong Mêkasar asurak | alah amuk wong Mêtawis | sarta anunjang | pondhok dipun obongi ||

31. apuyêngan wadyabala [wadya...]

--- [258] [338] ---

[...bala] ing Mêtaram | dene ingamuk wêngi | pan tunjang-tinunjang | tambuh mungsuh lan rowang | apati-pati gagapi | mawur puyêngan | akathah ingkang mati ||

32. tinumbakan dening têtiyang Mêkasar | nora angsal ngudhili | kang sami sudira | pan ora olih papan | katunjang lawan kapipit | mila kèh pêjah | wadya môncanagari ||

33. apuyêngan pondhokira ingobongan | katunjang dening api | tan kobêr amapan | kèh pjah padha rowangKurang satu suku kata: kèh pêjah padha rowang | kênèng gêgaman pribadi | wênèh lumajar | padha arêbut urip ||

34. wong Mêkasar pangamuke kadi yaksa | kadya banthèng akanin | kadi saradula | galak amôngsa sarpa | singa katrajang awingwrin | akathah pjahKurang satu suku kata: akathah pêjah | wong môncanagariKurang satu suku kata: wong amôncanagari ||

35. palayu sami atilar gêgamanKurang satu suku kata: palayune sami atilar gêgaman | darbèke tan katolih | lumayu wêwuda | ingkang mêntas anendra | nanging ta arêbat urip | bingung puyêngan | bingung padha sawêngi ||

36. pra dipati sadaya sami lumajar | tan tolih anak rabi | tinilar ing bala | lir gabah ingintêran | tan wruh kawula lan gusti | wus byar raina | larut bala Mêntawis ||

37. sirna gêmpang wau saking pamondhokan | sadarbèke kang kari | wus têlas rinayah | dening bala Mêkasar | Panji Karsula agiris | pan kagegeran | tinilar kang wadya lit ||

38. pan kalulun lumayu angungsi wana | sampun raina nênggih | mijil Sang Hyang Surya | datan kênèng tinata | wadya sampun sirna gusis | sowang-sowangan | kawula lawan gusti ||

39. Panji Karsula laju marang ing Japan | dene môncanagari | tan kêna tinata |

--- [259] [339] ---

mila lajêng mring Japan | lan sawadyanya awingwrin | tiyang brang wetan | nora kêna apulih ||

40. wong Mêkasar ngungsêd sinêdya ing manah | tiyang môncanagari | wani ngêsuk pisan | marang nagaranira | tiyang brang wetan awingwrin | mêngsah Mêkasar | kang wus manah anjêring ||

41. samya miris manahe tiyang brang wetan | Pajarakan ambalik | ya ta kawarnaa | sira Panji Karsula | anèng Japan sêdhih kikinkingkin | dene miyarsa | wong brang wetan ambalik ||

42. Pajarakan Prabalingga Pasuruan | ing Gêmbong samya balik | miwah ing Lumajang | Sarêngat lan Balitar | ing Kartasana ambalik | tiyang brang wetan | sami giris awingwrin ||

43. ya Ki Panji Karsula èmêng ing manah | arsa banjêl ing jurit | apan datan ana | wau ta ingadua | môncanagara ambalik | tiyang Mêtaram | sampun magut awingwrin ||

44. langkung merang yèn mantuka mring Mêntaram | môngsa nêdyaa urip | duka sri narendra | ya ta Panji Karsula | anèng ing Japan pan agring | pan datan arsa | wau dèn usadani ||

45. tan kawarna Panji Karsula wus pjahKurang satu suku kata: tan kawarna Panji Karsula wus pêjah | anèng Japan anênggih | sampun ing astana | wontên mantri Mêtaram | lumayu atur upêksi | dhatêng sang nata | Sri Bupati Mêtawis ||

46. yèn pun Panji Karsula lampahe tiwas | pêrangipun kalindhih | wong môncanagara | sampun balik sadaya | tiyang brang wetan awingwrin | mring wong Mêkasar | sadaya sami balik ||

47. wus apêjah Panji Karsula nèng Japan | inggih pêjah asakit | Sang Prabu Mêtaram | langkung dènnya bramantya | kumêjot padoning [pa...]

--- [260] [340] ---

[...doning] lathi | dene miyarsa | môncanagara balik ||

48. angandika sri narendra ing Mêtaram | sakèhing wong pasisir | lah padha karia | adandana sadaya | iya wong ing Dêmung mangkin | lah lurugana | sakèhe wong pasisir ||

49. Si Prawirataruna sira mênyanga | pan dadia têtindhih | iya pêrangira | wong pasisir sadaya | para mantri ing Mêtawis | ingkang milua | nglurug asmara kingkin ||

41. Asmarandana

1. Si Wirabumi ing mangkin | iya ta ingkang milua | ingkang dadia kanthine | adhi Prawirataruna | lawan Si Pulangjiwa | milua marang ing Dêmung | kalawan Si Wirawôngsa ||

2. lan Si Panji Wirabumi | tuwin Si Wiramênggala | poma lah tumpêsên kabèh | wong Mêkasar ingkang prapta | kalawan wong Madura | pariksanên mulanipun | tan seba marang Mêntaram ||

3. kang ingatag atur bêkti | ya ta ngandika sang nata | lawan Walônda sakèhe | kang tungguk anèng Jêpara | alah sira ajaka | anglurug marang ing Dêmung | yèn tan gêlêm sirnakêna ||

4. aywa ngrêrubêdi pikir | Prawiratruna tur sêmbah | saksana kondur sang katong | malêbêt ing dalêm pura | kang sowan bubar samya | tan kawarna solahipun | tiyang pasisir sadaya ||

5. apan sumados apanggih | iya nagari Jêpara | apan sampun mantuk kabèh | samya adandan sanjata | miwah ingkang baita | mangkana ingkang winuwus | Radèn Prawirataruna ||

--- [261] [341] ---

6. pan sampun pêpak kang baris | Radèn Prawirataruna | lir grah kapitu swarane | gêgaman sampun malatar | lir ombaking samodra | awarna-warna dinulu | pan kadi prawota sêkar ||

7. sampun siyaga waradin | tiyang Prawirataruna | apadene piyandêle | ing ayuda wus siyaga | miwah para santana | rahadyan ingkang winuwus | apan sampun asiyaga ||

8. lagya apamit ing rabi | kalawan kang para putra | rahadèn alon dêlinge | lah uwis padha kariya | kalamun awak ingwang | yèn besuk pan ora mantuk | ingsun titib putranira ||

9. momonga kang kari-kari | dèn abisa ingsun tilar | yèn ana galap-gampile | ingsung iki lawan sira | sapura-sinapura | ewuhaya wong anglurug | manawa tumêkèng pêjah ||

10. pan uwis karasèng ati | milane sira sun warah | iya sun wêkas mangkono | ingsung yayi pinitayan | dening sri naranata | ngundurkên mungsuh ing Dêmung | yèn ora bangkat ing karya ||

11. ingsun ora sae mulih | lah uwis padha kariya | dèn bisa sapungkur ingong | pra garwa sami karuna | ya ta datan kawarna | solahe dènnya mung wuyung | rahadèn sampun abubar ||

12. lir gêrah kang wadya alit | rahadèn nitih turôngga | abra murub busanane | budhale ngiring kang wadya | miwah para santana | gêgaman abra dinulu | yèn tinon awarna-warna ||

13. waos binang lawan jinggring | kang cêmêng kumbala badhag | waos sulam lan bung ampèl | kang dadi cucuking yuda | ingkang sanjata lanang | kadya kilat gêbyaripun |

--- [262] [342] ---

lir gêrah swaraning bala ||

14. asrang pangriking turanggi | kalawan kriciking watang | anglir pendah sagara rob | lêlayu yèn tinon amyang | katub ing samirana | tan kawarna lampahipun | sampun prapta ing Japara ||

15. arêrêb sakèhing baris | Radèn Prawirataruna | apan ta sampun amondhok | anèng salêbêting kitha | andhèr wadya Mataram | kalangkung dènnya sasugun | Ki Ngabèi Wôngsadipa ||

16. pêpak sakèhing dipati | sêmados anèng Japara | tiyang pasisir brang kilèn | pan sampun prapta sadaya | kapanggih nèng Japara | ing Kêndhal lan Kaliwungu | ing Batang lan Pakalongan ||

17. Barêbês lawan Tatêgil | Wiradesa ing Pêpalang | Dêmak Sêmarang padene | ing Kudus Pathi Juwana | Rêmbang lan Pajangkungan | Lasêm wus pêpak supênuh | anèng nagari Jêpara ||

18. prasami arêmbag pikir | para dipati sadaya | baita sampun sumaos | wau anèng ing muara | angêbêki samudra | Ki Wôngsadipa sasugun | pra niyaka ing Mataram ||

19. ya ta angandika aris | Radèn Prawirataruna | lah kadipundi rêmbage | inggih kakang Wôngsadipa | prakawis pun Walônda | sawarnine ingkang tugur | nèng muara ing Japara ||

20. pangandikaning narpati | apan ta kinèn ambêkta | Kumpni ing sawarnineKurang satu suku kata: Kumpêni ing sawarnine | dhatêng ing Dêmung punika | dawêg dika tarosa | kalamun ta wontên purun | pangandikaning sang nata ||

21. kinèn nundhunga dèn aglis | inggih saking ing Japara | rinaos tambuh gawene |

--- [263] [343] ---

lawan angribêdi manah | manawi tan sawêca | Kumpêni ing sêdyanipun | mila mangke linêkasan ||

22. Wôngsadipa matur aris | mring Radèn Wirataruna | inggih kawula tarose | mangke Kumpni punikaKurang satu suku kata: mangke Kumpêni punika | kadipundi kang karsa | ya ta tinimbalan sampun | ingkang wontên ing muara ||

23. amung têtiga anênggih | Kumpni pangajêngiraKurang satu suku kata: Kumpêni pangajêngira | Kapitan Dulkup wastane | lan Sareyandrop punika | kopralipun satunggal | kapat juru tulisipun | tan kawarna sampun prapta ||

24. ing ngarsane pra dipati | pasisir lawan Mataram | prasami pêpakan kabèh | Ki Ngabèi Wôngsadipa | aris dènira ngujar | timbalane sang aprabu | kapitan marang ing sira ||

25. mungsuh Makasar kang prapti | tinêmpuhakên ing sira | pangandikane sang katong | pan sira kinèn dhèrèka | iya marang rahadyan | anglurug marang ing Dêmung | amapaga wong Makasar ||

26. yèn sira datan nanggupi | parintahe sri narendra | pangandikane sang katong | pan sira kinèn nundhunga | iya saking Japara | aja ngrêribêdi laku | kaya priye aturira ||

27. kapitan sigra nauri | alah inggih kalêrêsan | pangandikane sang katong | kawula wontên Japara | sêdya asaos karya | kalamun ta wontên musuh | kawula dipun abêna ||

28. pangandikane sang aji | kawula datan ngglêngana | ing karsa dhatêng andhèrèk | tan kawarna solahira | dènnya aparêmbagan | apan sumêdya alaju | anêmbang yuda kênaka ||

--- [264] [344] ---

42. Pangkur

1. Radèn Prawirataruna | wus arêmbag arsa bubar tumuli | laju dhumatêng ing Dêmung | arsa mêtu lautan | wong pasisir amêpêk baitanipun | kêbak jêjêl ing muara | baitane wong pasisir ||

2. ingkang anèng palabuhan | kang baita agêng-agêng marnèni | ya ta kawarnaa wau | sakèh para dipatya | inggih sampun anumpak baitanipun | sami ambabar bandera | lir skarsa taman asriKurang satu suku kata: lir sêkar sataman asri ||

3. sami anêmbang têngara | pra dipati lir udan sinêmèni | gêng-agêng pating carêngkung | gumêdêr kapiyarsa | asrang lawan ombake sagara nêmpuh | kang baita wus lumarap | ing toya awarni-warni ||

4. prasami ambabar layar | pra dipati dene awarni-warni | saking môndrawa malêdug | asri pan tiningalan | tan antara dhatêng ingkang angin laut | baita sarêng alayar | ambênêrakên kamudhi ||

5. lir paksi krêndha rêrangtyan | kang baita layar anèng jaladri | sarêng lêmbara malêdug | sakèh para dipatya | kang bandera pinôngka tangêranipun | warna-warna kang bandera | lir skar satamanasriKurang satu suku kata: lir sêkar satamanasri ||

6. kang miyarsa kadi gêrah | têtabuhan srang ombaking jaladri | asangêt angin arawuh | baita ting salêbar | saking jêmbaring samudra yèn dinulu | baita arêbat paran | asangêt katub ing angin ||

7. tan kawarna lampahira | pulo Môndhalika sampun kawuri | angsal angin lampahipun | samudra tan kawarna | katingalan Surabaya ujungipun | saking rikating baita | ing muara wus angranji ||

--- [265] [345] ---

8. para bupati sadaya | wus pêpakan prapta ing Surabanggi | baitanira asukub | anèng ing palabuhan | pra bupati andhèr pamondhokanipun | Radèn Prawirataruna | pan kinêpung wong pasisir ||

9. têtiyang ing Surapringga | sami suka manahira tan sipi | ngrasa têtêp manahipun | langkung sêsugunira | marang Radèn Prawiratruna sumuyut | tiyang pasisir sadaya | pradandanan Surabanggi ||

10. Radèn Prawirataruna | tansah dadar mring bala langkung asih | adana busana agung | miwah para santana | pan kinulawisudha sadayanipun | tiyang Prawiratarunan | suyude ing lair batin ||

11. pan tambuh winalêsêna | pan kawratan wau dananing gusti | kang wadya sadayanipun | ngajak têmpuh ing yuda | pan ing kono benjang gon ingsun nênaur | ing danane gustiningwang | sun saurane ing pati ||

12. pêpakan para niyaka | wong pasisir samana gunêm pikir | Prawiratruna amuwus | marang para niyaka | kadipundi ing karsa padha ngong tantun | aprakawising Madura | lah kadipundi ing mangkin ||

13. datan sowan mring Mataram | mèh sawarsa malah punjul ing mangkin | manira iki ingutus | ana ing Surabaya | wong Madura sawiji tan ana muncul | pangandikaning sang nata | kinèn mariksa kariyin ||

14. mangke nêdha ingutusan | karuhane yèn alan abcikKurang dua suku kata: karuhane yèn ala lan abêcik | para dipati arêmbug | kawula amiyarsa | Trunajaya ambêbêg sawarninipun | milane tiyang Madura | tan sowan dhatêng Matawis ||

--- [266] [346] ---

15. prayogine ingutusan | kantênane sampun ngribêdi pikir | ya ta rahadèn angutus | marang pitayanira | apan sarwi binêktanan sêratipun | dhumatêng Ki Trunajaya | ing Sampang kang anunggoni ||

16. utusan sampun lumampah | hnêngêna kang anèng SurabanggiKurang satu suku kata: ênêngêna kang anèng Surabanggi | kucapa ingkang winuwus | sira Ki Trunajaya | apan lagi punika saking ing Dêmung | pan sampun eca kang rêmbag | lan Raja Galengsong mangking ||

17. milane Ki Trunajaya | tan anunggal ngadhêpi kang nagari | manawi ta wong Matarum | angrusak ing Madura | lan maninge manawa kèngsêr ing Dêmung | sêdyane Ki Trunajaya | arsa bokong saking wuri ||

18. kawarnaa kang utusan | sampun prapta Madura kintun wêling | samana pan sampun katur | mring Radèn Trunajaya | lamun wontên ing wau utusanipun | Radèn Prawirataruna | anuli dipun timbali ||

19. nanging ta Ki Trunajaya | masang wadi api-api asakit | utusan wus prapta sampun | [...]Kurang tiga baris, baris ke-4, 5 dan 6: 7u, 12u dan 8a. | pèngêt bêbuka têtulis ||

20. kang sêrat sira rahadyan | ywa Prawiratruna nagri Matawis | saha salam donganipun | dhumatêng akangingkang wayah | Trunajaya ing Madura wiyosipun | timbalane sri narendra | marang pêkênira kaki ||

21. milane wong ing Madura | boya seba iya marang Matawis | katur marang sang aprabu | kalamun pêkênira | kang apênging asebaa mring Matarum [Mata...]

--- [267] [347] ---

[...rum] | apa nyata mangkonoa | iya ujare pawarti ||

22. lan maninge wong Madura | kinèn ngrêrig dene sri narapati | anglurug marang ing Dêmung | anggêcêk wong Makasar | sampun tamat kang sêrat wiraosipun | angling Radèn Trunajaya | marang utusan amanis ||

23. alah ta sira matura | marang eyang nora nêdya angimpi | kalamun ta awak ingsun | ngukuhana Madura | apênginga aseba marang Matarum | saking edane wong Sampang | tan kêna dèn parentahi ||

24. ing mangke wontên parentah | angrêriga tiyang Madura iki | angluruga marang Dêmung | ingsun dhatêng sumôngga | sampun siyang sanadyan inggih ing dalu | manira dhatêng sumogasumôngga | kang abdi saos ing kardi ||

25. nanging ta awak manira | nora miyang inggih lagi asakit | nanging kang abdi sadarum | manira kèn lumampah | rumiyina dening mêngko sapungkurmu | wong Madura lagi dandan | nusul marang SurabagiSurabanggi ||

26. ya ta sampun sinambrama | kang utusan kalawan pinisalin | ya ta anuli tinundhung | duta amit anêmbah | sampun mangkat datan kawarna ing ênu | wus prapta ing Surabaya | apanggih kalawan gusti ||

27. Radèn Prawirataruna | kang utusan matur sarwi ngabêkti | wus katur sasolahipun | ya ta sira rahadyan | pan angunadika radèn sampun wêruh | lamun sinôngga ing krama | nanging ta dipun icani ||

28. sok kundura wong Makasar | wong Madura gampang kapagih wingking | rahadèn sampun arêmbug | arsa anuli bubar | aywa nuli anumpak [anumpa...]

--- [268] [348] ---

[...k] baitanipun | ing pasisir kadya gêrah | swarane kang wadya alit ||

29. baita awarna-warna | apa dene baitaning KumpniKurang satu suku kata: apa dene baitaning Kumpêni | ing laut umyung gumuruh | sami nêmbang tangara | apan sarêng dènnya babar layaripun | sami masang tunggulira | saksana katub ing angin ||

30. lwir paksi krêndha rêratyan | apan sarêng angêmbara ing langit | yèn tiningalan malêdug | sagara kaèbêkan | sarêng layar sangking jêmbar nagara gung | baita pating salêbar | dening baita KumpniKurang satu suku kata: dening baita Kumpêni ||

31. winastan baita kapal | pan alayar anèng wuri atêbih | datan kawarna ing ênu | dènnya layar wus prapta | Panarukan aminggir baitanipun | tiyang pasisir sadaya | wus sami prayitnèng wèsthi ||

32. wus minggir ingkang baita | ênêngêna para mantri pasisir | wau kang anèng ing Dêmung | Galengsong amiyarsa | lamun tiyang ing Matawis sampun rawuh | kalawan para dipatya | kêrigan tiyang Matawis ||

33. Raja Galengsong ngandika | pan pinêksa sakathahing prajurit | miwah ta santananipun | apan samya arêmbag | wong Makasar sumêdya arsa anggêmpur | pan tigan sapatarangan | Raja Galengsong mangkya ngling ||

34. lah kakang Dhaèng Marewa | adandana sakapraboning jurit | manira arsa amêthuk | jurite wong Mataram | dèn prayitna aja na mundur pakewuh | pawartane wong Mataram | baitane sampun minggir ||

35. dening ta karsa manira | ing ayuda sun panggih ing pasisir | lawan mêpêka parau | sêsampat lêlanangan | pilihana baita

--- [269] [349] ---

kang kakuh-kukuh | manawa prang ing sagara | saosa baita alit ||

36. lah dhayungana kewala | ya marmane sun ngangge baita lit | akêbat ing watakipun | lêmbing sira pêpêka | lah manawa amapak pêrang ing laut | lah sêsiwonên kawala | ingsun dhewe kang ngawaki ||

37. sakèhe wong tatêlukan | wong ing môncanagara buri têbih | manawa tan lômba kayun | wantune dudu bôngsa | Dhaèng Mrewa ya ta wau awotsantun | kundur angundhangi bala | tangaran tinêmbang muni ||

38. tiyang Makasar sadaya | wus siyaga sakapraboning jurit | angajrihi tandangipun | wantune wong Makasar | ngangah-angah yèn angarêpakên mungsuh | dening ta kaya agea | atêmpuha ing ajurit ||

39. Raja Galengsong siyaga | wus rinakit kapraboning ajurit | jimate sampun rinasuk | sêdya ngantêp ing yuda | wus siyaga Raja Galengsong dyan mêtu | ingiring para santana | sakapraboning ajurit ||

40. anulya nitih turôngga | busananya yèn tinon tuhu asri | tan kawarna solahipun | wong Makasar lir yaksa | Radèn Wirataruna sabalanipun | aminggirakên kang palwa | miwah wadya ing pasisir ||

41. akathah kang dèrèng prapta | wong pasisir angambang ing jaladri | miwah baitanipunKurang satu suku kata: miwah ta baitanipun | Kumpni nèng samudraKurang satu suku kata: Kumpêni nèng samudra | nanging Rôngga Sadayu wau kang rawuh | lan Ngabèi Singawôngsa | para prajurit Matawis ||

42. wus sami prapta sadaya | sami mêntas anèng pinggir gagisik | pan sampun siyaga wau | sadandananing yuda | pan andhêndhêng wong Mataram barisipun [ba...]

--- [270] [350] ---

[...risipun] | gêgamane warna-warna | anèng pinggiring pasisir ||

43. Ki Ngabèi Pulangjiwa | lan malihe Ki Panji Wirabumi | Ki Wirawôngsa anggrêgut | lawan Suramanggala | iya iku para prajurit Matarum | polahe lwir wardu ôngga | angajab têmpuh ngajurit ||

44. datan adangu samana | wong Makasar amêtoni ing jurit | sarta lawan gamanipun | bêndhenira tinêmbang | angajrihi wong Makasar tandangipun | anglir pendah saradula | prasamya pan unclang lêmbing ||

45. tiyang Mataram tumingal | lamun tiyang Makasar amêtoni | anêmbang tangaranipun | kumrab bala Mataram | wong pasisir akathah kang dèrèng rawuh | kasêlak mêngsah kang prapta | tan ana sêdya ngunduri ||

43. Durma

1. sigra mangsah prajurite wong Makasar | Galengsong kang nindhihi | kadi saradula | galak tan olih môngsa | kadya bajubajo angêjawi | mara ing ngarsa | pan sarwi unclang lêmbing ||

2. pan amangsah kang wadyabala Mataram | sêdya ngantêp ing jurit | ya ta binêdhilan | anêmpuh wong Makasar | swarane sanjata muni | lir langit rêbah | mimis kadya garimis ||

3. nora kundur wong Makasar ingkang mara | prasamya bèr kuwanin | sêdyaning ayuda | sarèh amuk kiwala | wong Mataram anadhahi | têmpuhing yuda | lir ngobahnê bumiKurang satu suku kata: lir ngobahêna bumi ||

4. wong Makasar tan kandhêg dènnya nyanjata | angamuk karo lêmbing | sawênèh curiga | ingkang pinurug bubar | pan akathah kang ngêmasi | tiyang Makasar | angamuk karo cundrik ||

5. rencangipun wong

--- [271] [351] ---

Mêtaram kèh kabranan | ingkang tinêmpuh ngisis | akathah kang pjahKurang satu suku kata: akathah kang pêjah | datan môngga puliha | rusak sikêping Mêtawis | tangkêping yuda | lir gabah dèn intêri ||

6. pan Ki Suramênggala lan Surawôngsa | Ki Panji Wirabumi | lan Ki Pulangjiwa | sarêng mangsah ing yuda | ingkang santana ngawaki | akathah pjahKurang satu suku kata: akathah pêjah | rame têmpuhing jurit ||

7. pêtêng dhêdhêt dening kukusing sundawa | satêngahing ajurit | mimis kadi udan | nanging ta wong Mêkasar | pangamuke tan anolih | tiyang Mêtaram | ingkang tinrajang ngisis ||

8. prajurite wong Mêtaram kathah pjahKurang satu suku kata: prajurite wong Mêtaram kathah pêjah | Ki Panji Wirabumi | wus anandhang brana | miwah Suramênggala | kondure atawan kanin | sampun binayang | sru rusak wong Mêtawis ||

9. Radèn Prawiratruna nulya amirsa | pan rusak kônca mami | dyan mundhut turôngga | ngrasuk kaprajuritan | pan sumêdya angawaki | saha bra muncar | busana kang turanggi ||

10. Arya Radèn Prawira angagêm watang | angling sajroning galih | ingsun wus atuwa | sêdhêng mati ing rana | nglampahi ayahan gusti | yèn wong Mêkasar | tan mundur dening mami ||

11. angur aja mênangi rusak Mataram | tan bisa aningali | lêng baya matia | ingsun têngahing rana | kudane dipun camêthi | sira rahadyan | sumêdya lêbu agni ||

12. lêlurahe awasta Ki Sewajaya | Sewatruna sawiji | lawan Sewabôngsa | lawan Ki Sewataka | Trunawijaya sawiji | iku sêntana | kalawan Wirakarti ||

13. dyan umangsah Rahadèn Wirataruna | ingkang bala angiring [a...]

--- [272] [352] ---

[...ngiring] | dyan pangarsanira | sampun têmpuh ing yuda | arame ingkang ajurit | tiyang Makasar | angamuk mobat-mabit ||

14. arsa mundur emut sihe pan rahadyan | milane têmah mati | atatu kang jaja | Manguntruna akêna | kudane dipun camêthi | para santana | prasami angampingi ||

15. alah payo kabèh santana manira | padha sun ajak mati | Kyai Sewajaya | matur dhatêng rahadyan | sampun ta age ajurit | lamun kawula | pan gusti taksih urip ||

16. inggih kula gusti yèn sampun pralaya | karsa tuwan ing wingking | kawula tan wikan | angling wau rahadyan | iya sun tarima ngati | pracayanira | nanging sun milu mati ||

17. dyan umangsah Rahadèn Prawiratruna | kudane dèn camêthi | ingkang kulawarga | apan datan atêbah | surake karêngèng langit | tiyang Makasar | sarêng mangsah ing jurit ||

18. pan arame dènnya aprang long-linongan | wong Makasar angungkih | tangkêping ayuda | sarèh amuk kewala | wong Mataram akèh mati | balane radyan | kang wuri maksih wani ||

19. Radèn Prawiratruna têtêg ing yuda | panggah prawirèng jurit | kang santana têlas | mila ngamuk priyôngga | apan sampun ambêg pati | sira rahadyan | angamuk mobat-mabit ||

20. Sewajaya kalawan Ki Sewabôngsa | pan sampun ambêg pati | angamuk manêngah | wong Makasar kèh pêjah | Raja Galengsong aruntik | ngatag santana | pan ngamuka pribadi ||

21. Radèn Wirataruna pangamukira | pan sampun nandhang kanin | kang para santana [santa...]

--- [273] [353] ---

[...na] | tumpês sami palastra | anèng têngahing ajurit | Ki Sewajaya | pan sampun nandhang kanin ||

22. aningali ingkang santana wus têlas | mila saya mangungkih | têtiyang Makasar | akathah ingkang pjahKurang satu suku kata: akathah ingkang pêjah | karepotan ing ajurit | sira rahadyan | kang ngampingi wus ênting ||

23. Sewajaya mêndhak anungkêmi pada | matur sarwi anangis | pan wus nandhang brana | dhuh gustiku rahadyan | pan inggih lamun suwawi | arêbat papan | ngantosi wong pasisir ||

24. lah suwawi gusti anumpak baita | angungsi mring jaladri | pan tiyang Mataram | sampun kuwur sadaya | datan kêni pinapulih | inggih sumôngga | kalih sami ngantosi ||

25. pan tinurut ature Ki Sewajaya | kondur dhatêng pasisir | têtiyang Mataram | sami rêbat baita | sawênèh ana kang nglangi | pating kurambang | tan antuk baitèki ||

26. wong Mataram anglir gabah ingintêran | angrêbat baita lit | pan kathahên rencang | kèrem pating kurambang | kang ngrêbat palwa tanpolih | gêbyur kiwala | anglangi mring jaladri ||

27. wong pasisir ingkang anèng ing samudra | awas dènnya ningali | yèn tiyang Mataram | pêrangipun kasoran | ya ta têtiyang pasisir | baitanira | prasami dèn dhayungi ||

28. kêsaratên palwane sira rahadyan | apan kathahên jalmi | gonjing kang baita | ya ta kèrêm samana | sampun karsaning Hyang Widhi | lamun rahadyan | pan tinagih ing pati ||

29. ting kurambang sami anggêbyur kiwala | ingkang kasilêm mati | solahing sujalma | apan pating kudhandhang | baita Makasar prapti | adhêdhayungan | baitanipun alit ||

30. gêgamane saligi lawan brangkolang | baita ing Matawis | sami cinêgatan [cinê...]

--- [274] [354] ---

[...gatan] | pan tiyang ing Mataram | sadaya manahe giris | mêngsah baita | alat tan angobêri ||

31. wong Mataram kathah pjah dening toyaKurang satu suku kata: wong Mataram kathah pêjah dening toya | sawênèh sinuligi | baita kèh rêmak | wau sira Rahadyan | Prawirataruna maksih | anèng muara | wadyanira angisis ||

32. Radèn Prawiratruna sampun angrasa | yèn tinagih ing pati | apan ta sumôngga | ing karsane Pangeran | amicara ing jro ati | alah kantuna | gustiku ing Matawis ||

33. pan kawula sri narendra mit palastra | mangsuli sih narpati | kawula wus tuwa | lêhêng ingsun pjahaKurang satu suku kata: lêhêng ingsun pêjaha | anèng têngahing ajurit | karsaning Suksma | surak nagri Matawis ||

34. Sewajaya anangis nungkêmi pada | branane angranuhi | dhuh gusti kawula | ing dunya ing akerat | kawula dadosa abdi | pan kapanggiha | kawula lawan gusti ||

35. angandika Rahadèn Prawiratruna | ingsun tarima ugi | iya padha-padha | galap-gampil manira | sira apuraa ugi | singa palastra | aja malang tumulih ||

36. Sewajaya sampun nêmahi palastra | anèng ngarsaning gusti | angling sira radyan | ingsun belani sira | awirang ingsun aurip | angur matia | santananingsun ênting ||

37. apan tiyang Makasar kathah kang prapta | rahadyan dèn kêmbuli | wus atawan brana | radèn niba alênggah | wus nyana tumêkèng pati | ingkang karasa | para putra ing wuri ||

38. apan arsa tinigas mustakanira | Kumpni anulungiKurang satu suku kata: Kumpêni anulungi | mêntas saking palwa | tiyang Ambon amara | tiyang Tranete ngrowangi | sarta sanjata | gêgamaning KumpniKurang satu suku kat: gêgamaning Kumpêni ||

39. ya ta mundur wau têtiyang Makasar | tan kawawa nadhahi | mimis kadi udan | ya ta tiyang Makasar | lumayu angungsi biting | atangkêp lawang | wong Makasar atintrim ||

--- [275] [355] ---

40. wus karêbut layone sira rahadyan | dyan binêkta tumuli | minggah ing baita | pan sampun binandhusa | ingantukakên rumiyin | sigra alayar | sadaya pan prihatin ||

41. sakarine wau kang para santana | angiringkên rumiyin | ya ta kawarnaa | wadyabala Mataram | kalawan wong ing pasisir | labuh sadaya | wau anèng jêladri ||

42. datan ana mêntas marang ing dharatan | apan sira alami | anèng ing samudra | ya ta apagunêman | Suramênggala lan malih | Ki Surawôngsa | Rôngga Sidayu singgih ||

43. lan malihe Ki Ngabèi Singawôngsa | Suramênggala angling | kadipundi kakang | puniki rêmbag dika | anèng têngahing jêladri | tanpa wêkasan | prandene tan aminggir ||

44. tan kuwawa manira katrajang ombak | kadi binanting-banting | lan malihe kathah | ingkang dadi sumêlang | inggih Kumpni punikiKurang satu suku kata: inggih Kumpêni puniki | raosing manah | tan tuhu angrencangi ||

45. lan malihe wong Sampang dadi sumêlang | tan wurung anampêki | yèn suwawi karsa | dawêg minggir punika | ing Paiton pan ingungsi | de kèn baita | sami mondhok ing kali ||

46. sami rêmbag wau kang para niyaka | Ki Singawôngsa angling | nanging ta manira | inggih ta maniraKurang satu suku kata: lah inggih ta manira | aminggir mondhok ing kali | lêhêng manira | labuha ing jêladri ||

47. tiyang pasisir ingkang sami arêmbag | ya ta layar tumuli | kang para baita | ing Paiton sinêdya | tan kawarna sampun prapti | sakèh

--- [276] [356] ---

baita | apan sami angranji ||

48. lèpèn Paiton dènnya atatan-tatan | têtiyang ing pasisir | lan tiyang Mataram | baitane anglêmpak | padha alabuh ing Bali | sami prayitna | têtiyang ing Matawis ||

49. pan sadaya sami mêntas ing dharatan | baris pinggiring kali | nanging Singawôngsa | maksih anèng samudra | tan tumut labuh ing kali | anèng ing kana | lami lir dhandhanggêndhis ||

44. Dhandhanggula

1. baya sampun karsaning Hyang Widhi | wadya Matawis kirang wêweka | baita labuh kaline | ya ta surud kang banyu | kang baita pan kandhas sami | lèpèn Paiton asat | sakèh palwa wau | tan kêna milir samana | kawarnaa têtiyang Mêkasar prapti | apan ora akathah ||

2. wong Mataram apan tan udani | kagyat sapraptane wong Makasar | wong Mataram dahat gègèr | baita pan tinunu | mila sangêt gègère sami | kali Paiton asat | karsaning Hyang Agung | wong Mataram apuyêngan | gêgamane nèng palwa têlas kabasmi | sangune tan karêbat ||

3. mila sadaya tan angundhili | wong pasisir angisis samana | baitane lêbur kabèh | pan tambuh polahipun | arsa dipun rêbat ing jurit | gêgamane wus têlas | kabakar sadarum | sami lumayu lorodan | wong Mataram samana apan angisis | Ngabèi Surawôngsa ||

4. mila Suramanggala tan kari | apan kalulun wadya litira | Suramanggala playune | gêgilani dinulu [di...]

--- [277] [357] ---

[...nulu] | wong Makasar polahirèki | dènira angrêrayah | palwane tinunu | ya ta wau kawarnaa | wong Mataram sadaya lumayu sami | dènnya ngungsi atêbah ||

5. langkung dènira sami prihatin | wadya lit sami jêtung kiwala | dening sangu têlas kabèh | myang rajabrana iku | nèng jro palwa têlas kabasmi | tiyang alit lorodan | sing tan bêtahipun | dènira nora na mangan | mila kathah mêgat tinutuh gêgêring | saya sêdhih manahnya ||

6. dening têlas sangunira sami | sadaya sami apagunêman | pra mantri Mataram kabèh | KaKi Surawôngsa wau | lan Ki Suramanggala nênggih | lingnya kadi punapa | pikir pênêtipun | rèh tiyang cilik lorodan | sintên kêlar nora bukti sangu ênting | kabakar nèng baita ||

7. pan aèmêng tyasira puniki | arsa banjêl amangsah ngayuda | punapi ingambêtake | mila pêtêng tyas ingsun | yèn suwawi ngunduran dhingin | dhatêng ing Surapringga | apa dening besuk | inggih sami arêmbaga | mring Japara ya ta wus arêmbag sami | pra bupati sadaya ||

8. ri sampuning sadaya ngrêmbagi | wong pasisir myang wadya Mataram | saksana bubar sira ge | hnêngêna karuhunKurang satu suku kata: ênêngêna karuhun | kang kucapa Prabu Matawis | dukanira kalintang | ing sapraptanipun | layone sira Rahadyan | Prawirataruna kapupu ing jurit | antuke binandhusa ||

9. ya ta sakathahing para rabi | alara-lara panangisira | myang putra kang kantun kabèh | kapang-kapang lumayu | langkung dening kawelasasih | para

--- [278] [358] ---

garwa sadaya | pan sami amêthuk | bandhusanira kang raka | kadya guntur swarane kang punang tangis | wong Kaprawiratrunan ||

10. ingkang samya darbe laki mati | aniba-niba panangisira | apan para santanane | tan ana ingkang mantuk | tumpês pêjah ing rana sami | mila tangis lir gêrah | myang sêsambatipun | sarira angur matia | kang taruna sêsambat katuwon mami | dadya rôndha nonoman ||

11. durung tuwuk ingsun among rêsmi | angsal ingong panggih lagya pira | ing mêngko iya lamine | nuli tinilar lampus | mêngko amuara ngêmasi | kaniaya kang aninggal | sapa baya besuk | ingkang ingsun sambat-sambat | apan saya karasa jroning aguling | dhuh kiyai wangsula ||

12. datan bêtah ingsun iki kari | wênèh sambating para wanodya | nangis karya lamis bae | kewala lagi ngrungu | yèn lakine kawarta mati | midêr ngulati ika | ilèn-ilènipun | sokur Si Kêrti matia | bosên ingsun kurang kaya lèh Si Kêrti | angur baya bedhanga ||

13. kawarnaa Prabu ing Matawis | enjing miyos wau siniwaka | pan sêmu duka wiyose | katawis sêngêripun | wadya andhèr ing pôncaniti | pangran dipati seba | lawan arinipun | ya Pangeran Singasêkar | myang

--- [279] [359] ---

Pangeran Martasana datan kari | Pangeran Pugêr seba ||

14. miwah para santana anangkil | anambungi lênggah para putra | santana pinisêpuhe | Pangran Purubayèku | apan jajarira alinggih | Pangran ing Pringgalaya | miwah pra tumênggung | ya Tumênggung ing Mataram | lawan Radèn Wiratmêja sami nangkil | Wiramênggala seba ||

15. myang Tumênggung Amangunnagari | lawan Angabèi Wirapatya | suyud kang seba sakèhe | mila sangêt sumuyud | dene nata amawi runtik | sugal dènnya ngandika | Narendra Matarum | mring pangeran adipatya | iya sira ing mêngko sira dipati | tumindaka priyôngga ||

16. lan arinta kaki Singasari | sira mapaga mungsuh Makasar | dene ing mêngko lakune | sakèhe kang sun utus | datan ana ingkang ngundhili | tiwase wong Mataram | kang nglurug mring Dêmung | alah uwa Purubaya | apan inggih dika tuwani pribadi | tumuta wayah dika ||

17. inggih adhi mas Blitar kinanthi | pan Si Pamota ingkang milua | lan Si Rajamanggalane | lan Si Wirapatrèku | iya padha milua mangkin | lawan Si Wirajaya | milua mring Dêmung | lan sakèhe wong Mataram | pratêlunên saduman tinggalên kaki | gawanên kang rong duman ||

18. iya poma ing wawêkas mami | ki dipati iya marang sira | ing Mandura iku age | lah ampirana iku | iya sira gêmpura benjing [be...]

--- [280] [360] ---

[...njing] | iya Si Trunajaya | wisna umuripun | iku kang gawe piala | ya mulane wong Sampang balike mangkin | têka Si Trunajaya ||

19. nak ingsung Cakraningrat sirèki | sira milua mring ki dipatya | bok maksiha sakelinge | wong Sampang mring sirèku | ya ta sampunira winêling | pangran dipati sigra | nêmbah mring sang prabu | kang putra wus ingidenan | Dyan Pangeran Singasari atur bêkti | anêmbah ing sang nata ||

20. sri narendra jêngkar mring jro puri | ingkang sowan luwaran sadaya | wadya ing Mataram kabèh | sami adandan wau | tan kawarna solahirèki | enjang nêmbang têngara | bêndhe munya ngungkung | pangran dipati samana | kadi gêrah swaraning bala Mantawis | pra mantri pinartiga ||

21. pan sampun sami dèn busanani | yèn sinawang lir kadya sasôngka | punang gêgaman asrine | abra lamun dinulu | para mantri saos mring gusti | busana warna-warna | mantri ing Matarum | ya ta pangeran dipatya | apan lagya angrasuk busana adi | dhasar bagus utama ||

22. pan karêngga dening busananing | apan sarwi ngrakit prajuritan | saya nêlahi citrane | lir Hyang Asmara nurun | saking Endrabuwana nênggih | tuhu dewaning kênya | cahyane sumunu | lir wulan asata dhara | para garwa tanapi sêlir kêkasih | kang binakta wus dandan ||

23. têka sira amuktia yayi | anèng dalêm amung yayi ingwang | ingsun sangonana bae | sêkar lorodan gêlung | lawan gantènira awangi | sun karya namur brôngta | usada laras kung | lah uwis padha karia |

--- [281] [361] ---

poma-poma yayi ing sapungkur mami | aywa na nagêngagêng brôngta ||

24. nulya budhal tuhu kang wadyalit | dyan pangeran dipati saksana | anitih turôngga age | busana abra murub | pinayungan karêtas kuning | ginarêbêg ing bala | wau kang pangayun | Tumênggung Rajamanggala | wau ingkang dadi cucuking ajurit | kang lumampah ing ngarsa ||

25. saha balanya ingkang angiring | gêgamannya pan awarna-warna | pan têngêran dhewe-dhewe | kang têngran Tunggulwulung | pan aciri wanara putih | lungsir ijo plisirnya | lir kilat dinulu | gêbyare sanjata lanang | nuli Arya Pamot lan Ki Wirapati | satasarta bala malatar ||

26. wong panumping kalawan wong Bumi | ingkang dadi cucuking ayuda | anèng ing ngarsa lampahe | numbakanyar wong sèwu | pan wong gêdhe dados pamburi | lampahira sinawang | lwir rob sagara gung | nuli Pangeran Balitar | anambungi rêspati nitih turanggi | asri pan songsong pthakKurang satu suku kata: asri pan songsong pêthak ||

27. payung agung ika amarapit | ingkang bala angiring lampahnya | panurung waos sulame | ingkang tabuhan umyung | nuli kang wong anumbak putih | pan tunggulipun pêthak | cirine kang tunggul | ingaranan Limanmêta | nuli Pangran PrubayaPurbaya (dan di tempat lain). sigra anitih | turôngga busana bra ||

28. kang saêsap sinêlanan jinggring | munggwing ngarsa pan sanjata lanang | gumêbyar ika sorote | sangkêlat klambinipun | ingkang bêkta sami winarni | tunggul pangiridira | ingkang munggwing ngayun | nuli Pangeran ing Sampang | anambungi rêspati nitih turanggi | kartas wilis songsongnya ||

--- [282] [362] ---

29. Pangran Madura wismèng Matawis | pan katilar dening wong Madura | mangkana wau lampahe | pangran dipati wau | pan nambungi lumakwèng wingking | rêspati nitih jolang | prajurit kang ngêpung | amarapit lampahira | busanane awarna-warna tulya sri | wong mamas pitung dasa ||

30. ingkang bêkta pan kulambi kuning | sinambungan ingkang waos sulam | apan abrit kulambine | udhênge kuning wau | waos biru ingkang nambungi | sami kulambi seta | jinggring kang sumambung | sami kulambi sangkêlat | ingkang bêkta sinambungan waos putih | wong satus kathahira ||

31. waos cêmêng cacebolan sami | ingkang bakta pan sami prawira | rêspati saha têngrane | pare anom malêdug | pan akathah lamun winarni | pangeran adipatya | gêgamane agung | anadene ingkang wuntat | kang lumaku ya Pangeran Singasari | saha gêgamanira ||

32. saha balanya samya marapit | pan rêspati anitih turôngga | marapit payung agunge | kudane pan kinurung | sinongsongan karêtas kuning | Tumênggung Wirajaya | wau lampahipun | dados pawingkinging lampah | sabalane wau ta ingkang umiring | sami prayitnèng baya ||

33. ingkang sawênèh pawèstri angling | muga tulusa pan ingkang lunga | panêdhaku aja mulèh | aku nutugên kayun | ana ngomah amêmalangi | gon ingsun pan abedhang | sanadyan ing besuk | yèn têka aku awawrat | sun runtuhne môngsa kataraa benjing | duwèku misih wêtah ||

34. hnêngêna wau kang lumarisKurang satu suku kata: ênêngêna wau kang lumaris | kawarnaa wau Trunajaya |

--- [283] [363] ---

ing Sampang kalerehane | trahing Madura Ratu | kaponakanira dipati | ing Sampang Cakraningrat | balela ing ratu | anake Dêmang Malaya | kambil mantu Pangeran Kajoran balik | angadêg Surabaya ||

35. apan sampun asilih kêkasih | nênggih Panêmbahan Madurêtna | Panagama ing arane | wong Surabaya suyud | datan ana wani malangi | têtiyang Surabaya | sangêt risakipun | kancikan wong ing Madura | watakipun wong Sampang pan ambêk wani | nora aetung tata ||

36. Trunajaya pan anunggal kapti | lan Galengsong têtiyang Makasar | ing Dêmung pamondhokane | asanggub sarêng gêmpur | ing ayuda sampun aganti | êndhok sapatarangan | ika jangjinipun | kalawan Ki Madurêtna | malah arsa ingambil mantu pribadi | sira Raja Makasar ||

37. ingkang arsa jinunjung narpati | Madurêtna kang ingangkas-angkas | pan sampun nunggil manahe | Trunajaya winuwus | ingkang ngadêg Surabayèki | jumnêng MadurêtnaKurang satu suku kata: jumênêng Madurêtna | pan sampun misuwur | tiyang pasisir brang wetan | samya wingwrin tan ana wani nyambili | mring Radèn Madurêtna ||

38. pamrihipun têtiyang pasisir | samya sebaa mring Trunajaya | Madurêtna Narpatine | wong Madura anggrêgut | ing Garêsik wus dèn anciki | suyud tan wani malang | tanapi Sadayu | apan ta sampun kabahak | wus kancikan tiyang Sadayu awingwrin | seba mring Surabaya ||

39. atanapi nagari ing Tubin | wus kancikan dening wong Madura | lan wong Makasar rewange | ing Tuban wus anungkul | nulya

--- [284] [364] ---

ngrêmbag kang dèn anciki | ing Lasêm malorodan | sadaya sumuyud | ingkang bôngga pinatenan | wong pasisir sadaya sami awingwrin | ingkang nutut katawan ||

40. samya binakta mring Surabanggi | wong Makasar sadaya Madura | kadya hèrnawa polahe | wong pasisir sumuyud | samya sowan mring Surabanggi | sira Raja Makasar | apan ta wus kêmbul | lawan Radèn Madurêtna | kawarnaa sira pangeran dipati | anom ingkang lumampah ||

41. ing Japara samana wus prapti | samya mondhok nèng sajroning kitha | lwir grah kapitu swarane | pangran dipati wau | masanggrahan griyanirèki | Ngabèi Wôngsaprana | Pangran Singasantun | mondhok sakiduling pura | Dyan Pangeran Prubaya pondhokannèki | wontên ing kasantosan ||

42. dening Pangeran Balitar nênggih | sami mondhok nèng Banyularangan | Pangran ing Sampang pondhoke | jawining kitha iku | wong pasisir brang kilèn prapti | kapanggih ing Japara | Kêndhal Kaliwungu | ing Batang lan Pakalongan | ing Barêbês Pamalang lawan ing Têgil | tanapi ing Samarang ||

43. lan ing Dêmak sarêngira prapti | tiyang Kudus Pathi lan Juwana | pêpak Japara ing gone | sampuning tigang dalu | kawarnaa pangran dipati | prasamya rêrêmbagan | lan kang eyang wau | Pangeran ing Purubaya | apêpakan para santana Matawis | miwah para dipatya ||

44. miwah Pangeran ing Singasari | Pangran Balitar Pangran ing Sampang | pangran dipati dêlinge | marang kang eyang wau | kadipundi eyang kang warti | inggih tiyang Madura | lan Makasar wau | matur Pangran Purubaya [Puru...]

--- [285] [365] ---

[...baya] | wartinipun ing Sampang anunggil baris | kalawan wong Makasar ||

45. wong pasisir ing brang wetan nênggih | samya sowan dhatêng Surapringga | mring Trunajaya suyude | ing Singayun kakêlun | ing Garêsik miwah ing Tubin | ing Rêmbang Pajangkungan | Lasêm wus anungkul | môncanagari brang wetan | wus kakêlun sadaya sami kawingwrin | dhumatêng Trunajaya ||

46. jêng pangeran anggraitèng galih | Trunajaya ngêntasana karya | kayapriye wêkasane | awak ingsun kalamun | undurana angêlingsêmi | pasthi ingsun amerang | marang sang aprabu | yèn mundura anèng karya | yèn ta durung ana kaananing jurit | mandah ucaping jana ||

47. ing ayuda arsa sun têmêni | wong Madura ya Si Trunajaya | polahe aku kang akèn | èmênge manah ingsun | wantuning wong awulang jurit | yèn wus têmpuhing watang | merang lamun mundur | yaktine along kang pjahKurang satu suku kata: yaktine along kang pêjah | wong Mataram akarsa ingsun wangsiti | pasthine ingsun merang ||

48. awêkasan pangeran dipati | angandika dhumatêng kang eyang | yèn makatên pakartine | lah suwawi ing besuk | binubarna bala Matawis | samya dharat kiwala | dèn rêmpêg ing laku | dene sakèhing baita | winawratan sangunira wong Matawis | kawota ing baita ||

49. sakathahe bupati pasisir | adharata ngiringa maringwang | kalawan sagêgamane | ya ta sami arêmbug | kang santana miwah prajurit | ngêndika Jêng Pangeran | Salarong Sadayu | aja pisah lan manira [mani...]

--- [286] [366] ---

[...ra] | mêsakake iku tinilar prajurit | lan adhi mas ing Sampang ||

50. ana ing ngarsa manawa eling | wong Madura marang yayi êmas | padha undhangana kabèh | sakèh wadya Matarum | budhalêna lah dipun enjing | lawan Si Wôngsadipa | iya aja milu | tunggua ana JapaKurang satu suku kata: tunggua ana Japara | lan anake kalawan bala KumpniKurang satu suku kata: lan anake kalawan bala Kumpêni | tugura ing Japara ||

51. ya ta datan kawarna ing latri | enjangipun anêmbang tangara | gong bèri umyang swarane | bêndhe munya angungkung | têngarane bubar kang baris | sakèh sanguning wadya | winrat ing parau | wus pêpak bala Mataram | yèn sinawang gêgaman kagiri-giri | kadi prawata sêkar ||

52. tiyang pasisir môncanagari | ingkang dadi cucuking ayuda | anèng ing ngarsa lakune | dening bala Matarum | wong Bumija lawan panumping | wong sèwu numbakanyar | tiyang agêng wau | sami marapit rahadyan | lan Pangeran Purubaya tan atêbih | lawan ingkang awayah ||

53. ya ta anglurug lampahing baris | hnêngêna kang lagi lumampahKurang satu suku kata: ênêngêna kang lagi lumampah | ya ta kawarnaa malèh | sang aprawirèng kewuh | ingkang ngadêg ing Surabanggi | Rahadèn Trunajaya | ingkang ajêjuluk | Panêmbahan Madurêtna | sampun angron sineba tiyang pasisir | ingkang wetan sadaya ||

54. atanapi kang môncanagirimôncanagari | ing brang wetan anungkul sadaya | Ki Madurêtna barise | apan sampun akumpul | lawan Raja Galengsong singgih | wong Makasar malatar | sami purunipun | polahe lir singa lodra | dhasar mangke wong Sampang pan angsal galih | akanthi wong

--- [287] [367] ---

Makasar ||

55. sira Radèn Madurêtna nênggih | sêdyanira umadêg narendra | sarta lawan panjunjunge | Raja Galengsong iku | ingkang nanggung bdhah MatawisKurang satu sku kata: ingkang nanggung bêdhah Matawis | mila Ki Madurêtna | langkung trêsnanipun | dhumatêng Raja Makasar | Trunajaya pan datan kemutan singgih | yèn kinarya lampahan ||

56. Trunajaya akarsa pribadi | wantu wong ngêmut lêgining gula | kamanisên arsa dhewe | apan ta datan emut | lamun wontên ingkang ngajani | Prabu Anom Mataram | tan kemutan wau | angrasa sampun kawawa | Trunajaya dening sampun angsal kanthi | iya Raja Makasar ||

57. apan sampun amiyarsa warti | yèn Adipati Anom Mataram | ingkang anindaki dhewe | kalawan kamisêpuh | sira Pangran Purubayèki | lan Pangeran Balitar | Pangran Singasantun | angrêrigangêrig bala Mataram | atanapi pasisir môncanagari | ngalumpuk nèng Japara ||

58. apan ta sampun bubar kang baris | saking Japara sawadyabala | pangeran dipati anèm | ingkang nindhihi laku | Trunajaya sampun acawis | lawan tiyang Makasar | sumêdya amêthuk | wong Sampang samya siyaga | mêpêk baris sèlèhesolahe anggêgilani | miwah ta wong Makasar ||

59. apan sêdya angantêp ing jurit | pan yudane wau wong Mataram | lir singa ludra polahe | warnanên kang lumaku | Adipati Anom Matawis | kang dadi senapatya | samana wus rawuh | ing masa artatan-tatanatatan-tatan | ingkang baris saksana ngangsêg ing jurit | ing gone don sinêdya ||

60. tiyang Madura amapag jurit | lan wong Makasar kadi [ka...]

--- [288] [368] ---

[...di] hèrnawa | apan ta sami purune | sami arêbut dhucung | kaya age panggiha jurit | ing gêgodog wus prapta | pan dulu-dinulu | wong Sampang lan wong Mataram | pan sadaya tan ana angucap ajrih | suraking wêwingkingan ||