Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50)

Judul
Sambungan
1. Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 11–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 21–29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 30–35). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 36–44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
8. Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 51–55). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 08-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

45. Pangkur

1. mangsah sikêping Madura | yèn sinawang kadi banthèng katawin | angajrihi tandangipun | pan kadi singa lodra | rêbat măngsa sadaya pan sami purun | an samya onclang watang |[1] Makasar pan onclang lêmbing ||

2. prajurite wong Madura | Mangkuyuda têguh prakuswa wani | dening wau sisihipun | aran Dhandhangwacana | anadene ing wau ta sisihipun | kang têngên Ki Wăngsaprana | sami prakuswa ing jurit ||

3. iku têtindhihing rana | dyan umangsah kadi banthèng akanin | tiyang Makasar akêmbul | kadya ta singa lodra | ing ayuda puniki têtindhihipun | awasta Dhaèng Marewa | kalawan Dhaèng Makincing ||

4. misih sikêping ayuda | muni bêdhil dadi cucuking jurit | swarane lir gunung rubuh | mimis tiba lir udan | pêtêng dhêdhêt ing ayuda kadi dalu | dening kukusing sundawa | awor suraking jalmi |[2]|

5. pan nora kuwatir pêjah | wadya Sampang mirsa swaraning bêdhil | sumêdya asoroh amuk | binendrong ing sanjata | wadya Sampang pinuntir babrêngosipun | pêdhange nulya ingikal | sarwi ngagêm tamèng bali ||

6. sawênèh onclang [on...]

--- [289] 369 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 1 dari 58

[...clang] watangnya | dyan umangsah sarwi anaut rawis | wong Madura sami purun | rame têmpuhing yuda | lir andaka wong Sampang pangamukipun | arame prang long-linongan | tan ana angucap ajrih ||

7. wong Makasar dènnya aprang | ngagêm lêmbing ing yuda tan ngobêri | prasamya asoroh amuk | pan kadya singa lodra | baya silih takdire karsa Hyang Agung | wadyabala ing Mataram | wingwrin tan darbe kawanin ||

8. para mantri lan satriya | kang prajurit manahe lir pawèstri | kêkês tan darbe papurun | ingamuk ing wong Sampang | wong Mataram pan ewon kang mawut-mawut | pan kathah ingkang palastra | apan datan angundhili ||

9. surak wadya ing Mataram | prajurite prasamya angawaki | kang dados andêling kewuh | Pangeran Purubaya | anyamêthi ing kuda samana magut | ing iringe wadyanira | sarêng mangsah ing ajurit ||

10. Ki Ngabèi Wirajaya | dyan umangsah lan Panji Wirabumi | miwah Ki Răngga Sadayu | angamuk ambêg pêjah | para mantri Mataram samya umagut | angandêl ing yudanira | Pangran Purbaya ngawaki ||

11. Tumênggung Rajamanggala | Arya Pamot sarêng mangsah ing jurit | Pangran Balitar tan kantun | sarêng ngantêp ing yuda | wong Makasar sadaya sarêng umagut | Raja Galengsong priyăngga | pan nindhihi ing ajurit ||

12. wau Radèn Trunajaya | tiyang Sampang wau kang dèn tindhihi | mila ing ayuda kukuh | wus karsaning Pangeran |

--- [290] 370 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 2 dari 58

wong Madura pasthi lanang juritipun | pilih boboting ayuda | tan ana angucap ajrih ||

13. wadyabala ing Mataram | kathah pêjah manahipun awingwrin | ingkang tinarajang mawut | nora măngga puliha | prajurite apan akathah kasambut | Ki Ngabèi Wirajaya | apan sampun nandhang kanin ||

14. pra santana kathah pêjah | ki ngabèi branan angrawuhi |[3] samana tiba alungguh | ludiranya drês muncar | pan aniba Wirajaya datan emut | pan rinêbut kang santana | saundure angêmasi ||

15. prajurite awuyungan | Wirabumi sampun anandhang kanin | anèng rana pan kasambut | kundur wus binandhusa | Kyai Răngga Sadayu apan kasambut | ing rana sampun palastra | wingwrin wadya ing Matawis ||

16. kang dados lajêring yuda | jêng pangeran tinilar wadya alit | prajurite kwèh kasambut | nora năngga[4] puliha | Jêng Pangeran Purbaya ling jroning kalbu | baya karsaning Pangeran | apês wadya ing Matawis ||

17. sabalining sun ayuda | apan iya nora kaya saiki | prajurit Mataram gêmpur | singa maju kabranan | wong Mataram samya kêkês manahipun | dhingin kang padha prawira | saiki lir wadya èstri ||

18. kapriye sun undurana | wong Mataram tan ana kaya mami | sinêmbah sinêpuh-sêpuh | mring putra lan santana | ana wrate ingsun mundura ing kewuh | tan baya angur matia | anèng [a...]

--- [291] 371 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 3 dari 58

[...nèng] têngahing ajurit ||

19. yèn nyata rusak Mataram | panêdhaku ingsun aja mênangi | wong Mataram sirna larut | wong Sampang lan Makasar | ywa Pangeran Purbaya ingkang tinêmpuh | sawadyane anèng rana | tan gumingsir anadhahi ||

20. sira Pangeran Purbaya | pangamuke lir banthèng tawan kanin | apan wus kapanggih sêpuh | mandah bala taruna | wong Madura sing katrajang mawut-mawut | angamuk karo curiga | dhuwunge aran Ki Panji ||

21. wantune kathêhên[5] lawan | jêng pangeran kudane sampun mati | anumpêr pangamukipun | apan maksih adharat | wong Makasar lan wong Sampang angrêrubut | jêng pangeran kinathahan | winatang lawan linêmbing ||

22. nadyan si otota kawat | akulita têmbaga balung wêsi | tiyang satunggil arêmuk | kinarêbut ing kathah | ywa pangeran sakalangkung timbulipun | datan pasah dening braja | kinarubut dening jurit ||

23. ing jro salira wus rêmak | ywa Pangeran Purbaya tiba linggih | watak wong agung wus sêpuh | Dyan Pangeran Balitar | pan uninga lamun kang raka kasambut | ing rana gêpah rinêbat | wong Sampang ingamuk wani ||

24. sira Pangeran Purbaya | wus karêbat binakta mundur aglis | nanging pangeran tan emut | ingkang salira rêmak | wong Mataram anèng payudan wus rêmuk | wau Pangeran Purbaya | wus kasambut ing ajurit ||

25. lir pendah dhawuhan bêdhah | pêdhot lajêripun kari angisis | dening lajêre [lajêr...]

--- [292] 372 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 4 dari 58

[...e] wus rubuh | milane asasaran | dyan pangeran dipati kalulun kondur | lan Pangeran Singasêkar | de wadya tan kêna pulih ||

26. sira pangeran dipatya | manahira alit dhatêng awingwrin | dening kang eyang kasambut | ya ta apamondhokan | arêrangkah sami prayitnèng ing kewuh | Pangran Purbaya wus seda | lir gêrah swaraning tangis ||

27. apan sampun binandhusa | jêng pangran binêkta mantuk Mêtawis | duk seda sinêngkalan trus | mamuka pinrang janma |[6] sinusulan sangkala kala ing Dêmung | naga singa pranging jagad |[7] ri sampuning mangkanèki ||

28. wusing mantuk kang bandhusa | kawarnaa wau ta ingkang kari | sakèhe wadya Matarum | akêkês manahira | dening ngandêl ing kewuh sampun kasambut | para prajurit satriya | manahe kadya pawèstri ||

29. miwah kang para santana | para putra manahira awingwrin | sampun karsaning Hyang Agung | apês wadya Mataram | yèn wus takdir tan kêna owah sarambut | duk sedanira pangeran | ing taun Dal lawan nênggih ||

30. wong Mataram sami susah | datan bêtah sabên ari tan bukti | pinarak ing gêring agung | sangêt bagêblugira[8] | pan sadaya wong Mataram risakipun | prasamya apalorodan | apan sami minggat mulih ||

31. Pangran Dipati Mataram | pan kalulun sampun kondur tumuli | lan Pangeran Singasatun | miwah Pangran Balitar | lampahira samana apas alaju | sêdya mantuk mring Mataram | kèndêl Japara sawêngi ||

32. lajêng

--- [293] 373 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 5 dari 58

mantuk mring Mataram | kawarnaa duta sampan nututi | ingkang dados tunggulipun | Tumênggung Mangkuyuda | wong Makasar Dhaèng Mrewa tunggulipun | ingkang kinèn atut wuntat | lampahe wadya Mantawis ||

33. tingkahe lir singa galak | dhasar baring mangke mênang ajurit | marmane sadaya lacut | wong Madura sumahab | saparane anjêjarah nyênyaruwun | ingkang lanang pinatenan | pawèstri pan dipun ambil ||

34. apan ta dadi bêbasan | bajag Sampang tuhu kalamun baring | ingkang kamargan anungkul | datan wani malanga | ing Juwana sampun kèdêkan anungkul | darbèke pan jinarahan | wong Juwana sami ngili ||

35. ing Pathi wus kaèdêkan | dening Mangkuyuda prawirèng jurit | pan tiyang Pathi kakêlun | akathah ingkang pêjah | dènnya mapag tiyang Sampang pêrangipun | têtiyang Pathi sasaran | sami lumayu angili ||

36. ing Kudus sampun kabêdhah | jinarahan tiyang alit awingwrin | kalangkung dening arusuh | solahe wong Madura | pan ing Warung Garobogan wus kalulun | binoyong lan jinarahan | puyêngan samya angili ||

37. nanging nagari ing Dêmak | maksih băngga angawali ing jurit | arame dènnya acampuh | tan ana kang kasoran | ing ayuda arame buru-binuru | surak lir pendah ampuhan | tan ana mundur ing jurit ||

46. Durma

1. surakipun wong Dêmak kadya ampuhan [a...]

--- [294] 374 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 6 dari 58

[...mpuhan] | tangkêpirèng ajurit | gêlar prit anêba | tiyang Sampang sudira | milane ramya kang jurit | tiyang ing Dêmak | prasami ambêdhili ||

2. pêtêng dhêdhêt dening kukusing sundawa | satêngahing ajurit | mimis kadi udan | langkung ramening yuda | tiyang ing Sampang kalindhih | kathahên lawan | akathah ingkang mati ||

3. sampun kèngsêr yudane wadyèng Madura | ya ta mangetan malih | mring nagri Jêpara | wau ingkang sinêdya | arsa binêdhah tumuli | apan ta ana | wau bêbanton malih ||

4. Trunajaya utusan mring wong Madura | bantoni kang kalindhih | wo[9] măncanagara | ing bang wetan sadaya | wau ingkang ambantoni | wadya ing Sampang | ingkang dadi têtindhih ||

5. ing Jêpara ing wau sampun kakêpang | wadya alit atintrim | pan angungsi kitha | miwah angungsi wana | ya ta dhinêsêg tumuli | kutha Jêpara | arsa ginêcak wani ||

6. wong Jêpara muwêr sajrone ing kitha | akanthi wong Kumpêni | kang tungguk Jêpara | wêtawis rong bragada | sêdya rarêmpon ing wuri | Ki Wăngsadipa | sampun angati-ati ||

7. para putra tansah pinêpêk ing ngarsa | Kiyai Jagapati | Ki Wăngsamênggala | kalawan Wăngsaprana | kalawan Ki Wiragati | Ki Imarêksa | lawan Ki Wiramantri ||

8. tan atêbih wau kang kula santana | sumêdya ambêk pati | rarêpon kewala | anèng sajroning kitha | ananging datan mêntoni[10] | tiyang Jêpara | mawut tiyang kang alit ||

9. among kari wose

--- [295] 375 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 7 dari 58

kang anèng jro kitha | akanthi wong Kumpêni | wus rakit sadaya | nèng ngalun-alun sigra | tambure tinêmbang muni | pun mayor sira | pun Êbro kang sawiji ||

10. kapitanya Tuwan Bèlêm namanira | iku panggêdhenèki | saradhadhunira | apan sampun mêlatar | sênjatane wus arakit | masang bandera | sadandananing jurit ||

11. anèng alun-alun Kumpêni amapag | tangkêping ing ajurit | apan lêlumbungan | tambur muni brang-brangan | mayore ingkang nindhihi | sampun prayitna | sakathahing Kumpêni ||

12. kawarnaa wong Sampang angisêk kitha | lawan măncanagari | pasisir sadaya | samya ngêpang Japara | sadaya apan ambalik | măncanagara | miwah tiyang pasisir ||

13. wong Madura sampun lumêbêt ing kitha | polahe gêgilani | nanging wong Makasar | polahira lir yaksa | lir banthèng atawan kanin | lir singa lodra | rêbat măngsa ngajrihi ||

14. wus malêbêt ing kitha sagêgamannya | Kumpêni anadhahi | mariyêm kang munya | kalawan kalataka | nanging datan angundhili | wadya ing Sampang | ing alun-alun prapti ||

15. wong Walănda tangkêpipun lêlumbungan | satêtambure muni | sanjata sênapan | sarêng muni sadaya | kadya rubuh ingkang langit | mimis lir udan | sarta swaraning jalmi ||

16. pêtêng dhêdhêt dening kukusing sandawa | sanjataning Kumpêni | tan ana kèndêlnya | Ngabèi Wăngsadipa | apan ta sampun umijil | lan para putra | amêtoni ing jurit ||

--- [296] 376 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 8 dari 58

17. tan atêbah para mantri ing Japara | wong Sampang kathah mati | misih sudiranya | ngalun-alun Japara | rakiting bala Kumpêni | alêlumbungan | nora kêna ingungkih ||

18. wong ing Sampang nèng alun-alun kwèh pêjah | pan sami kenging mimis | kang ngamuk tinumbak | tiyang Sampang sudira | kang mati akêre wêsi | agêgênderan | kêre kuningan dening ||

19. pan sawênèh wong Sampang kulambi lulang | ya ta sampun kalindhih | yudane wong Sampang | mêdal jawining kitha | bature akathah mati | wong kawan dasa | apan pating galinting ||

20. wong Madura undure apamondhokan | nèng Jagatamu singgih | balane malatar | tiyang măncanagara | tanapi tiyang pasisir | sami rêrangkah | padha prayitna wèsthi ||

21. kawarnaa Wăngsadipa pagunêman | kalawan para mantri | tuwin pra santana | angling Ki Wăngsadipa | lah inggih ta kadipundi | mêsah kang prapta | angêpung ing nagari ||

22. ing Jagatamu ênggène bêbarisan | kadyaparan gon amrih | undure kang mêngsah | nora wande yèn rusak | Japara kalamun mati | wadya Madura | nèng Japara ngèbêki ||

23. ya ta matur Ki Ngabèi Wăngsaprana | punika yèn suwawi | inggih kang sanjata | wontêna Danaraja | kang agêng lah dèn pilihi | ingarah-arah | tibanipun kang mimis ||

24. Jagatamu punika kang kawuwunga | lah ingulukan mimis | ingkang pinri[11] bubar | mimis agêng kinarya | sami binalangan mimis | wadya Madura | inggih saking ing ardi [ar...]

--- [297] 377 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 9 dari 58

[...di] ||

25. sampun rêmbag sadaya Ki Wăngsadipa | minggah dhatêng ing ardi | gunung Danaraja | ingkang sakèh sanjata | gêng-agêng wontên ing wukir | mantri Mataram | saragêni nunggoni ||

26. kadya gulu kalawan Ki Singaludra | lawan Ki Gunturgêni | sapraptaning arga | ya ta Ki Wăngsadipa | sanjata dipun silihi | ingarah-arah | mimise anibani ||

27. Jagatamu wau ingkang binêranan | pan sampun dèn isèni | ingantêp isinya | mimise wus pinasang | ya ta sinulêt tumuli | ungêl sanjata | lir obah kang pratiwi ||

28. wus umêsat mimis tiba pasanggrahan | Jagatamu bênêri | gègère puyêngan | kayu katrajang sêmpal | wau katibanan mimis | saking ing arga | kalangkung gênging mimis ||

29. kang kasrèmpèt wong Sampang akathah pêjah | wong pasisir awingwrin | lan măncanagara | dening ta kaungkulan | kawuwung saking ing ardi | ing pamondhokan | pan ingulukan mimis ||

30. pan kalulun wong Madura bodholira | ing Jagatamu gusis | pan tiyang Mataram | lawan tiyang Makasar | ing Kudus kang dipun ungsi | banjur mangetan | kuwur kang wadya alit ||

31. kawarnaa Ki Ngabèi Wăngsadipa | apagunêman sami | lawan para putra | arsa atur uninga | dhatêng Prabu ing Matawis | yèn ing Japara | wau dipun inggahi ||

32. wong Madura kawan dasa ingkang pêjah | kupinge dèn irisi | akarsa binakta | katura ing sang nata | saksana lumampah aglis | ing putranira | ingutus mring Matawis ||

--- [298] 378 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 10 dari 58

33. tan kawarna lampahe ingkang dinuta | apan datan alami | ya ta duta Sampang | minggah dhatêng Mataram | prajurut anglêlanangi | Dhandhangwacana | wau ingkang kêkasih ||

34. mêdal Jipang apan angjog Jagaraya | lan wong măncanagari | brang wetan sumahab | saha gêgamanira | Dhandhangwacana dèn iring | lan wong Madura | polahe gêgilani ||

35. nagri Pajang maksih băngga linawanan | anglawani ngajurit | nanging tan kawawa | nagari Pajang rusak | tatiyang alit awingwrin | marang wong Sampang | lir banthèng tawan kanin ||

36. Kyai Dhandhangwacana ngancik Kajoran | pratingkah lêlanangi[12] | nagari ing Pajang | anungkul kaèdêgan | tiyang jro kitha atintrim | têtiyang Sampang | tansah anjêjarahi ||

37. nulya sigra angancik anèng Kajoran | saha bala ngajrihi | Panêmbahan Rama | pan sampun kumpul sigra | angadêgakên kang baris | anèng Kajoran | wong Madura kinanthi ||

38. pra dêdesan rinayah kathah binahak | ingkang tumut Matawis | wong desa puyêngan | padha abilunglungan | ingkang miyarsa pan ajrih | dening wong Sampang | nginggahi wong Matawis ||

39. tiyang Pajang sampun anungkul sadaya | miwah măncanagari | Warung Garobogan | Balora lan ing Japan | ing Jipang lan Jagaragi | ing Pamagêtan | Madiun Pranaragi ||

40. ing Gaduwang pan sampun nungkul sadaya | tiyang măncanagari [măncana...]

--- [299] 379 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 11 dari 58

[...gari] | brang wetan sadaya | miwah pasisir ika | sadaya sami ambalik | tiyang Mataram | padêdesan atintrim ||

41. sampun katur mring Susunan ing Mataram | yèn wong Sampang nginggahi | ran Dhandhangwacana | angancik ing Kajoran | ing Pajang sampun ambalik | apan kèdêgan | tiyang Pajang atintrim ||

42. Panêmbahan Rama akêmbul wong Sampang | apan sampun ambalik | ngadêgkên gêgaman | wau anèng Kajoran | apan tansah bêbahaki | ingkang padesan | ingkang tumut Matawis ||

43. sri narendra sakalangkung dukanira | sigra miyos tinangkil | pêpak para putra | miwah para santana | Pangran Dipati Matawis | munggèng ing ngarsa | lan Pangran Singasari ||

44. atanapi Pangeran ing Martasana | Pangeran Pugêr nangkil | Pangeran ing Balitar |[13] Pangeran Pringgalaya | lawan Radèn Singasari | lan Wiratmêja | Wiramanggala nangkil ||

45. angandika Sri Narendra ing Mataram | mring pangeran dipati | sira tumindaka | iya marang Kajoran | lah dadia awak mami | sira kêriga | sakèhing wong Matawis ||

46. yèn wis kalah wong Kajoran boyongana | mring pangeran dipati | sakèh putraningwang | milua kakangira | angantêpa ing ajurit | marang Kajoran | wong Sampang kang ngunggahi ||

47. putraningsun Ki Pugêr sira milua | lawan Ki Singasari |

--- [300] 380 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 12 dari 58

adhi Pringgalaya | kalawan Ki Balitar | lan Si Tumênggung Matawis | Mangunnagara | milua putra mami ||

48. mara payo sira nêmbanga têngara | mangkata ing samangkin | kang kinèn manêmbah | sigra nêmbang têngara | orêg wadya ing Matawis | mêpak gêgaman | lir udan sinêmèni ||

49. ting balêbêr wau têtiyang Mataram | sami amêpak baris | ngalun-alun aglar | ing pasar kaèbêkan | gêgaman awarni-warni | tanpa wilangan | kadi prawata sari ||

50. ambêranang kang tunggul gulakalapa | pangirid saragêni | anglir kadi kilat | gêbyar sanjata lanang | gêgaman dalêm arakit | wakil sang nata | pangeran adipati ||

51. lêlayu amyang katub ing samirana | lir ombaking jaladri | lan kriciking watang | srang gadêbêging bala | kadi ngobahakên bumi | pangriking kuda | angrok gamêlan muni ||

52. pangran dipati lagi amit ing rama | lan Pangran Singasari | Pangran Pugêr sira | Pangeran Martasana | ing rama winêling-wêling | dèn aprayitna | sun srahakên ing Widhi ||

53. para putra wus atur bêkti sadaya | ya ta kondur sang aji | lumêbèng ing pura | ing jawi awurahan | punggawa lan para mantri | mêpak gêgaman | kadi prawata sari ||

54. wusnya kondur Pangran Dipati Mataram | Pangeran Singasari | Pangran Martasana | Pangeran Pugêr ika | wus kondur saking anangkil | sigra adandan | sakapraboning jurit ||

55. wus sumaos wahana turăngga aglar | kadi prawata sari | barising kaputran |

--- [301] 381 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 13 dari 58

gêgaman warna-warna | wus pêpak kang punang baris | dyan kawarnaa | pangeran adipati ||

56. wus siyaga sadandananing ayuda | waos agêm wus mijil | miwah kang sanjata | dhahar wus tinampanan | kang wadya andêling wèsthi | para lêlurah | samya saos ing jawi ||

57. ya pangeran dipati ngrasuk busana | sadandananing jurit | dhuwung anyuriga | rasukan lapis tiga | kadi Hyang Asmara rêsmi | wusnya siyaga | pangran dipati mijil ||

58. ginarêbêg dening kang para lêlurah | miwah andêling wèsthi | lir gêrah kasapta | wau swaraning bala | kêrigan wadya Matawis | lir wêrdu ăngga | dhêndhêng barising wingking ||

47. Pangkur

1. budhal barising Mataram | yèn sinawang kadi prawata sari | lêlayu lan umbul-umbul | katub ing samirana | asrang umung bala kang sami anguwuh | ing rowang lir kadi gêrah | kriciking astra agathik ||

2. Pangran Dipati Mataram | nitih kuda rêspati songsong kuning | waos sulam munggwing pungkur | samas kang munggwing ngarsa | amarapit payung agung munggwing ngayun | ingkang munggwing wuri pisan | wong satus anumbak putih ||

3. gêgaman mawarna-warna | amarapit kanan kalawan kering | ingkang lumampah ing ngayun | bupati ing Mataram | para arywa ngabèi lawan tumênggung | Pangeran ing Pringgalaya | kang dadi cucuking jurit ||

4. kalawan Pangran Balitar | pan tanapi Tumênggung ing Matawis | sawadyanira kumêtug | wau ing lampahira | Kyai Mangunnagara kang munggwing ngayun | lawan Radèn Wiratmêja [Wira...]

--- [302] 382 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 14 dari 58

[...tmêja] | Wiranagara prajurit ||

5. marga agêng kaèbêkan | ambalabar wadyabala Matawis | prasamya prayitnèng kewuh | kêrig wadya Mataram | sampun mêdal saking taji pan anglurug | ing Kajoran kang sinêdya | kuwur manahe wong cilik ||

6. ya ta wau kawarnaa | ing Kajoran samana ngadêg baris | samana sampun akêmbul | lan barising Madura | bala Sampang dening ta têtindhihipun | awasta Dhandhangwacana | agêng ainggil tur wani ||

7. ing Pajang apan kabahak | samya nungkul mring Dhandhangwacanèki | măncanagara wus têluk | kaduwang Pamagêtan | wong Madura angajrihi tandangipun | ya ta wau kawarnaa | barise tiyang Matawis ||

8. ing Kajoran sampun prapta | wong Mataram sampun prayitnèng wèsthi | Kajoran sampun kakêpung | surak kadi ampuhan | Panêmbahan Rama wus prayitnèng kewuh | apan sampun asiyaga | sadandananing ajurit ||

9. miwah ingkang para sabat | wus adandan samya tumut ing gusti | tiyang Madura kumutug | sira Dhandhangwacana | amêtoni ing ayuda karsanipun | wadyabala ing Mataram | surake awanti-wanti ||

10. tanapi tiyang Kajoran | wus akumpul sêdya mêtoni jurit | tiyang Madura anggrêgut | tanapi wong Mataram | sami purun kadar pira mungsuhipun | tiyang Mataram akathah | ya ta acampuh kang jurit ||

11. sanjata muni lir bêntar | kang pratala anglir udan kang mimis |

--- [303] 383 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 15 dari 58

pêtêng lir pendah papêdhut | satêngahing ayuda | dening kukusing sundawa kadi jawuh | mimis satêngahing rana | arame kang punang jurit ||

12. arame kang punang yuda | wong Madura kalawan wong Matawis | swaraning surak lir guntur | sêsambating kabranan | ingundurkên ingkang wingking maksih purun | wau ta tiyang Madura | yudanira pan kalindhih ||

13. prajurite kathah pêjah | wong Kajoran wau sigra nulungi | saha gêgaman anggrêgut | nanging si kêkathahan | wong Kajoran ing wau kathah kasambut | wantu kêkathahên lawan | prasasat katiban wukir ||

14. kondur têtiyang Madura | wong Kajoran kondurira awingwrin | ya ta kasaput ing dalu | sami apamondhokan | arêrangkah sami aprayitnèng kewuh | wau têtiyang Madura | manahe tan kêna pulih ||

15. tanapi tiyang Kajoran | manahira kabèh sami umiris | dening ta karoban mungsuh | prasami aparêmbagan |[14] Panembahan Rama lan santananipun | prayoga yèn angêmbula | mangetan tunggala baris ||

16. kalawan Ki Trunajaya | naro nana ingkang keron ing pikir | pasthi ing ayuda kukuh | benjang nadyan wangsula | mring Mataram bêtaa gêgaman agung | aja atanggêl ing lampah | Dhandhangwacana mêthuki ||

17. ya ta asami arêmbag | ing Kajoran sigra dandan tumuli | sumêdya lolos ing dalu | lan saanak rakyatnya | wus adandan awatara têngah dalu | kang kulawarga sadaya | apan sami dèn wangsiti ||

--- [304] 384 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 16 dari 58

18. saksana anuli bubar | wong Madura kang lumakwèng ing wuri | apan kasusu ing laku | akèh ingkang tinilar | Panêmbahan Rama lampahe andarung | sumêdya angêmbul lampah | lan kang anèng Surabanggi ||

19. wong Mataram pan uninga | yèn panêmbahan alolos sing wêngi | wus raina dyan tinumpuk | Kajoran jinarahan | pan binoyong tiyang Kajoran kang kantun | dalêmira dèn ngobongan | dening têtiyang Matawis ||

20. sasampune jinarahan | wong Kajoran binêkta mring Matawis | pangeran dipati kondur | lawan para santana | tan kawarna kang mantuk dhatêng Matarum | sira Pangeran Kajoran | lajêng dhatêng Surabanggi ||

21. apanggih lawan kang putra | Trunajaya langkung marmaning galih | tan kawarna laminipun | ya ta pan gantya warsa | Panêmbahan Madurêrna wus arêmbug | sumêdya angalih praja | akêkutha ing Kadhiri ||

22. sadaya wus sami rêmbag | pan wong măncanagara ing pasisir | ingkang wus samya atulung | datan ana sumêlang | ing parentah sadaya sami asuyud | samana datan winarna | ing marga praptèng Kadhiri ||

23. tan winarna solahira | karya kutha pan samêkta wus dadi | kalangkung dening akukuh | adan atata gêlar | ing ayuda saha sanjata wus didum | kang mungguh ing ngarsa wuntat | kanan kèri wus arakit ||

24. dene ingkang tinanggênah | anêtêpi kantun nèng Surabanggi | ingkang ajaga pakewuh | santana ing Madura | lan anganthi

--- [305] 385 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 17 dari 58

pan wong Surabayanipun | tansah amawi gêgaman | tan ana sumêlang galih ||

25. ya ta wau kawarnaa | kang umadêg nagari ing Kadhiri | tansah gêgunêman catur | amrih arjaning lampah | Panêmbahan Madurêtna wus arêmbug | lan Raja Galengsong sira | minggah dhatêng ing Matawis ||

26. miwah Panêmbahan Rama | angrêmbugi satu kalawan pasthi | ing Mataram sampun sêpuh | ungsume pan rêngkaa | pan wus mêpêk gêgaman sajuru-juru | pasisir măncanagara | wau kang sami ambalik ||

27. sami amêpak gêgaman | wus arakit minggah dhatêng Matawis | wus prapta samayanipun | sigra anuli bubar | apan pinaju kalih ing lampahipun | dening ingkang mêdal wetan | wau ingkang anindhihi ||

28. pêpatihe Panêmbahan | Madurêtna nênggih wastanerèki | Amangkuyuda Tumênggung | amêdal Garobogan | anjog Pajang ing Kajoran kang jinujug | kang mêdal kilèn winarna | wong Madura kang nindhihi ||

29. awasta Ki Wăngsaprana | lampahira amêdal ing Matawis | mêdal Pingit lampahipun | ing Trêrayêm sinêdya | wontên malih Mangkuyuda kanthinipun | awasta Dandhangwacana | sami prakosa ing jurit ||

30. tanapi bala Makasar | ingkang nunggil Ki Mangkuyuda sami | dening ta pangajêngipun | wasta Dhaèng Marewa | wontên malih awasta pun Busungmarnung | solahe lir wardu ăngga | pan sarêng bubar kang baris ||

31. têtiyang

--- [306] 386 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 18 dari 58

măncanaga |[15] ing brang wetan sadaya sami ngiring | lawan sagêgamanipun | kèhing gaman sumahab | tan kawarna lampahe baris anglurug | sakathahe wong brang wetan | suyut manahe awingwrin ||

32. tan kawarna lampahira | ing Garompol wau pan sampun prapti | ya ta amondhok pan kumpul | dènnya atatan-tatan | angêntèni rowangira ingkang kantun | wau kang anèng brang wetan | kalangkung agênging baris ||

33. wong sabrang wetan puyêngan | kagegeran sadaya sami ngili | lumayu arêbut dhucung | lawan saanak rena | tiyang Sampang ambêbajag solahipun | anglir pendah saradula | kang abăngga dèn patèni ||

34. tiyang èstrine tinawan | rinayah rajakayane ênting |[16] wong Pajang samya misuwur | yèn wadya Sampang minggah | sampun prapta sabrang bangawan gènipun | ing garompol binarisan | risak wong pinggir banawi ||

35. tiyang Pajang apuyêngan | samya ngili manahira awingwrin | dene ing warta misuwur | akarsa ingunggahan | dening tiyang Madura nèng sabrang banyu | para punggawa ing Pajang | pan sami amêpak baris ||

36. kawarnaa wong Madura | Mangkuyuda sampun nabrang banawi | ing kali Samanggi umung | saha bala sumahab | tiyang măncanagara sawarninipun | sami kêrigan sadaya | anglurug dhatêng Matawis ||

--- [307] 387 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 19 dari 58

37. tanapi tiyang Mêkasar | solahira kadi banthèng akanin | wus nabrang sawarninipun | wadyabala brang wetan | anèng kali Sêmanggi swaranya umung | kang para umbuling Pajang | sêdyane amapag jurit ||

38. sinêrang datan kuwawa | pan kalulun wadya Pajang awingwrin | saanak rabi lumayu | angungsi mring Mataram | apuyêngan tiyang ing Pajang amawut | ing padesan kagegeran | sadaya sami angili ||

39. angungsi dhatêng Mataram | kang sawênèh angungsi dhatêng wukir | wong padesan wus akêbut | angungsi apuyêngan | wong Madura gêgilani tandangipun | ing Pajang wus kaancikan | durmane ingkang nglakoni ||

48. Durma

1. tiyang Pajang kang kantun mirut sadaya | apan sami ambalik | tan ana akawal | ing Pajang wus kèdêkan | sangsaya agêng kang baris | măncanagara | brang êlèr sami prapti ||

2. Ki Tumênggung Mangkuyuda arsa minggah | dhumatêng ing Matawis | sampun ingundangan | sakathahe kang wadya | pan sampun pêpak kang baris | Dhandhangwacana | dadya cucuking jurit ||

3. wondene kang dadi ing panêngênira | ingkang pangawat kering | Arya Măndhalika | miwah tiyang Makasar | kang dadi cucuking jurit | Ki Dhaèng Mrewa | lawan Dhaèng Makincing ||

4. Busungmêrnung kalawan Dhaèng Malebah | gêgamannya saligi | towok lawan pêdhang | wong Mêkasar mêlatar | tanapi măncanagari | apan mêlatar | kadya prawata sari ||

5. ya ta budhal [bu...]

--- [308] 388 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 20 dari 58

[...dhal] bala brang wetan sadaya | untabe angajrihi | sira Mangkuyuda | kang dados gêgunungan | arusuh lampahing baris | tansah bêbahak | wong Madura lir bêlis ||

6. padêdesan salèr Mataram puyêngan | sêdya sami angili | angungsi jro kitha | wênèh angungsi ngarga | wong Sampang ambêbajagi | tiyang Mataram | kang lanang dèn patèni ||

7. ingkang èstri tinawan tur dhinedhelan | kang kumbi dèn gantungi | wênèh kinukusan | amrih sami mêdala | darbèke kang dèn pêndhêmi | pan agêgila | wong Madura lir bêlis ||

8. tan kawarna lakune wadya brang wetan | ing Kajoran wus prapti | lajêng lampahira | ing taji pamondhokan | sigêgên kang anèng taji | kang kawarnaa | ingkang mêdal Matawis ||

9. sabubare kang saking ing Pingit ika | ing Têrayêm wus prapti | ya ta pamondhokan | sira Ki Wăngsaprana | sigêgên datan winarni | dyan cinarita | Sri Narendra Matawis ||

10. pan pinêpak wadyabala ing Mataram | arsa mapag ing jurit | ingkang para putra | miwah para santana | pêpak anèng păncaniti | pan asiyaga | sakapraboning jurit ||

11. putra sêpuh Pangran Dipati Mataram | sumêdya angawaki | lawan arinira | Pangeran Pugêr sira | lan Pangeran Singasari | lan Martasana | wus siyaga ing jurit ||

12. sampun pêpak para Dipati Mataram | sakaprabon arakit [ara...]

--- [309] 389 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 21 dari 58

[...kit] | Pangran Pringgalaya | Tumênggung ing Mataram | para putra ing Matawis | wus apamitan | mring rama atur bêkti ||

13. wus linilan bubar gêgaman Mataram | kang dadi senapati | pangran adipatya | rêspati nitih kuda | prajurite amarapit | awarna-warna | gêgaman ing Matawis ||

14. munggwing ngarsa para mantri numbakanyar | dadya cucuking jurit | lawan wong Bumija | gêgamane bêranang | priyayi agêng nambungi | sagêgamannya | kalawan wong panumping ||

15. tanpa wilangan gêgaman ing Mataram | kadya prawata sari | marga kaèbêkan | balabar padêdesan | anglurug lampahing baris | pan kawarnaa | ingkang baris ing taji ||

16. wus angangsêg gêgamane wong Madura | ingkang saking ing taji | myang Ki Wăngsaprana | saking Tarayêm bubar | wus kumpul lampahing baris | nèng Pajarakan | sampun anunggil kapti ||

17. tan antara wus ngangsêk dènira yuda | ingkang wadya amalih | lawan wong Makasar | mangulon lampahira | Dandhangwacana kang ngirid | Talagawana | wau kang dèn anciki ||

18. atanapi Ki Tumênggung Mangkuyuda | sampun angangsêg baris | lawan Wăngsaprana | wong Sampang amalatar | polahe pan gagilani | wadya Mataram | ingkang mapak wus prapti ||

19. sarêng mulat wong Sampang lan wong Mataram | anèng

--- [310] 390 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 22 dari 58

ing kali Ajir | têmpuhe kang yuda | arame long-linongan | kadya rubuh ingkang langit | dènira yuda | mimis kadi garimis ||

20. ing Talagawana arame kang yuda | wong Makasar nindhihi | kadya saradula | wong Makasar kotbuta | pangamuke ngowak-awik | miwah wong Sampang | kadya banthèng akanin ||

21. nora bakal baya wus karsaning Suksma | rusake ing Matawis | pan sasolahira | wong Mataram kasoran | dènnya ajurit kalindhih | de wong Madura | baya karsaning Widhi ||

22. pra prawira prajurite wong Mataram | nora duwe kawanin | miwah para putra | manahe lir wanudya | tan darbe kawanèn wringwrin[17] | marang wong Sampang | ing Mataram kèh mati ||

23. ngungsi kitha wadyabala ing Mataram | puyêngan sanagari | têtiyang Mataram | lir gabah ingitrêran[18] | sadina-dina atintrim | saanak rena | dening miyarsa warti ||

24. wong Madura sampun anêsêk ing kitha | lan wong măncanagari | anèng Pajarakan | Tumênggung Mangkuyuda | prajurite dèn undhangi | sira dhêsêka | kuthane wong Matawis ||

25. obongana omah sajabaning kitha | manawa wong Matawis | ana ingkang băngga | pan sira patènana | payo abongana[19] aglis | karêpe uga | ing jro kitha atintrim ||

26. ingobongan umah sajabaning kitha [ki...]

--- [311] 391 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 23 dari 58

[...tha] | sarta dipun jarahi | surak lir ampuhan | wong Sampang ambêbajag | sajroning kitha atintrim | pan apuyêngan | manahe sami wingwrin ||

27. prang[20] punggawa miwah kang para santana | myang ingkang para mantri | anèng pagêlaran | miwah kang para putra | pêpak anèng păncaniti | pan asiyaga | sakapraboning jurit ||

28. anyaosi karsanira sri narendra | manawa sri bupati | miyosi ngayuda | mila para punggawa | saos anèng păncaniti | dyan kawarnaa | Sri Narendra Matawis ||

29. wus wuninga lamun jangjining Pangeran | tan kena dèn gingsiri | yèn kitha Mataram | pan sirna jênêngira | sri narendra ing Matawis | pan anarima | marang titahing Widhi ||

30. sri narendra akarsa atilar pura | kèngsêr saking Matawis | tan kêna ingambah | nagri Mataram rêngka | pan sampun têka ing jangji | ing satus warsa | jênênge ing Matawis ||

31. ingundhangan para sêlir lawan garwa | têtiyang jroning puri | kinèn adandana | karsane sri narendra | akarsa lolos ing wêngi | saking Mataram | busêkan wong jron puri ||

32. pan adandan sakêlaripun ambêkta | lir gabah dèn intêri | miwah para putra | pan sampun winangsitan | sang nata lolos ing wêngi | saking jro kitha | ya ta dandan tumuli ||

33. malêm Akat tanggal ping walulas Sapar | taun Be

--- [312] 392 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 24 dari 58

măngsa kalih | ya ta sinêngkalan | dening ingkang anurat | rusake nagri Matawis | pan sirna ilang | rasane ingkang bumi ||

34. apan dalu bubare sri naranata | saking sajroning puri | jro pura puyêngan | tangis kadya ampuhan | tunjang-tinunjang pawèstri | sakêlarira | donya kang dèn bêktani ||

35. apuyêngan tambuh mungsuh lawan rowang | gègèrira ing wêngi | wisma ingobongan | tangis kadya ampuhan | kadya gabah dèn intêri | wadya Mataram | padha arêbut urip ||

36. salang tunjang kasêlak pisah lan trêsna | amung kang anak rabi | binakta tan pisah | dunya datan kabêkta | amung anake dèn indhit | ginggal[21] ing dalan | anake tan dèn tolih ||

37. rabinira angucap anakmu gigal | kang lanang anyauri | pang gigal cikbèna | ginawe apa bocah | prandene gampang akardi | balikan sira | dèn kêbata lumaris ||

38. ilang ora sok ijih ya biyangira | hèh biyangane Sidin | sun anggo bibitan | ya ta sêlak katunjang | sawênèh ngulari rabi | wantu wong kathah | wênèh pisah lan kaki ||

39. pan abondhèt maring ing wong liyanira | awakipun kiyai | dawêg dika bêkta | benjang kartaning jaman | kawula andika kawin | ingsun ngawula | prandene laki mami ||

40. pan atinggal si jênat tan angruruha | kathah solahing

--- [313] 393 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 25 dari 58

èstri | mêdal saking kitha | wadyabala Mataram | angulon dènnya anggili | tut wingking sira | marang sri narapati ||

41. ingkang sugih anak langkung susahira | ginendhong pan dèn indhit | sawênèh punika | ana winut[22] ing kuda | pating barêngèk kang nangis | kawêlasarsa | kang maksih dèn susuni ||

42. pan katunjang dening wisma ingobongan | lir grah swaraning tangis | sawênèh angucap | anakmu ilang papat | ingkang lanang anauri | ilang oraa | pan nora dadi pikir ||

43. parandene tan ngumani sêga wadhang | aja maras ing ati | sun maksih nonoman | sok kartaa ing jaman | ing benjang ingsun ilèni | pan gawe bocah | parandene agampil ||

44. kawarnaa sri narendra ing Mataram | ingkang atilar puri | anitih dipăngga | pan wus nabrang Paraga | angilèn sêdya dèn ungsi | kang para putra | tumut tan ana kari ||

45. kawarnaa Ki Tumênggung Mangkuyuda | sampun midhangêt warti | yèn Prabu Mataram | gingsir saking ing pura | angilèn nabrang banawi | suwêng ing pura | gadhaton[23] tan akari ||

46. ri saksana Ki Tumênggung Mangkuyuda | kitha dipun lêbêti | wong Sampang sumahab | samya lumêbèng kitha | apan angrêrayah sami | lir wardu ăngga | puyêngan wong Matawis ||

47. Ki Tumênggung Mangkuyuda nèng jro pura | wau dipun kakahi [kakah...]

--- [314] 394 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 26 dari 58

[...i] | têtiyang Mataram | kang kantun apuyêngan | kalangkung kawêlasasih | sami tinawan | kang lanang dèn patèni ||

48. sakalangkung wong Madura kumawawa | polahe gêgilani | pan dadi bêbasan | bajag Sampang arêsah | sadaya giris ningali | dhasar andhugal | mênang aprang pan baring ||

49. Kyai Dhandhangwacana kinèn nusula | marang sri narapati | ambêkta wong Sampang | miwah tiyang Makasar | nututi sri narapati | tiyang Mataram | kacandhak akèh mati ||

50. ingkang nutut pinala pan dhinedhelan | darbèke dèn ambili | kang èstri tinawan | pan sarwi tinataban | bêktane dipun pêndhêti | sarwi jininah | ingkang mirsa atintrim ||

51. Ki Tumênggung Mangkuyuda kantun pura | amung ingkang nututi | Ki Dhandhangwacana | bakta bala sumahab | sigêgên datan winarni | pan kawarnaa | ingkang atilar puri ||

52. sri narendra putra garwa kang lumampah | sampun nabrang banawi | lèpèn Pagawata | pan mêdal ing Wawaja | ambanjur lampahirèki | mêdal ing rawa | lampahe sri bupati ||

53. gurawalan ingkang wadya kadhungsangan | manawa dèn tututi | dening wong Madura | miwah wong ing Makasar | urut sèwu dèn margani | datan kawarna | solahira ing margi ||

54. wontên dening kang ngiring ing para putra | Pangeran Pugêr

--- [315] 395 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 27 dari 58

nênggih | Pangran Martasana | lan Pangran Singasêkar | Radèn Tapa maksih alit | nanging kang raka | jêng pangeran dipati ||

55. ingkang tansah lumampah anèng ing wuntat | mila anèng ing wuri | sêmu lampahira | ngajêng-ajêng putusan | saking Trunajaya ugi | ubangginira | mangke wus anglampahi ||

56. nanging ngajêng-ajêng datan aprapta |[24] warnanên sri bupati | lajêng lampahira | dumugi Bumirema | wastane dhusunirèki | ing Kawisanyar | nèng ngriku sri bupati ||

57. ing Patêgan dhusunipun Kawisanyar | binegal sri bupati | mring wong Kawisanyar | tandange anggêgila | sakathahing para nyai | samya karuna | sadaya dèn dhèdhèli ||

58. iya marang têtiyang ing Karanganyar | angandika narpati | iya bênêr sira | ambegal marang ingwang | ujêr sira durung olih | ing barkat ingwang | ngandika sri bupati ||

59. èsmu duka sang nata dènnya ngandika | apan ngipat-ipati | mring wong kang ambegal | ora sêlamêt sira | mêngkono polahirèki | sigra sang nata | lajêng dènnya lumaris ||

60. ingkang begal pan sami lumpuh sadaya | tan wontên bisa mulih | marang wismanira | wau sri naranata | lajêng dènira lumaris | dugi Toyamas | wau kang dèn margani [mar...]

--- [316] 396 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 28 dari 58

[...gani] ||

61. lampah dalêm dumugi ing Ajibarang | arêrêb sri bupati | ya ta kawarnaa | pangeran adipatya | saarinira angiring | lampahira gya | nusul mring jêng sri bupati |[25]|

62. sapraptane ing ngarsanira sang nata | pangran arya dipati | wus sami tur sêmbah | saha lênggah mangrêpa | sri narendra ngandika ris | dhatêng kang putra | pangeran adipati ||

63. aywa sira dipati anom balia | sira rêbuta mangkin | ya nagaranira | kalawan arinira | padha amilua bali | ngrêbut nagara | ya ta pangran dipati ||

64. aturira saha sêmbah mring kang rama | kawula sri bupati | nuhun duka nata | yèn kawula wangsula | datan purun anglampahi | sêdya kawula | pêjah gêsanga ugi ||

65. sampun pisah kawula lan sri narendra | sang nata ngandika ris | lah pagene sira | têka mangkono sira | lamun mangkono sirèki | wis arènira | sun tarine ing mangkin ||

66. lah sira Ki Dipati Pugêr balia | sira rêbuta ugi | ywa nagaranira | dene ing jênêngira | pan wus karsaning Hyang Widhi | mulane sira | wong anom kang sun srahi ||

67. iya priye Ki Pugêr ing aturira | pangeran matur bêkti | marang sri narendra | inggih dhatêng sandika | yèn antuk pangèstu aji | sasat kawula | sampun dhatênga sakit ||

68. nadyan dhatêng ing pêjah tan gumingsira | kawula anglampahi | saandika nata | sang nata angandika | yèn mangkono sira kaki | mugi ta sira | rinaksaa Hyang Widhi ||

--- [317] 397 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 29 dari 58

69. lan maninge sira sun wèhi gêgaman | sira anggoa kaki | dhuwung babêrkatan | ran Ki Maesanular | lawan tumbak ingsun iki | ywa babêrkatan | Ki Palèrèt rannèki ||

70. iku padha sun warisakên mring sira | pikukuhing ajurit | tumbak dhuwungira | karo padha bêrkatan | ingsun wus pracayèng galih | amung ta ingwang | titip arinirèki ||

71. iya kaki amung sun titipkên sira | lah ing sapungkur mami | mulane rinira | sun titip arinira | wruhanira iku kaki | ing têmbe uga | dadi kanthinirèki ||

72. wêcaningsun arinira iku benjang | yèn wus ngadêg ing Pathi | apilih bobotnya | ujare ing wirayat | kang putra saha tur bêkti | sira sang nata | ya ta ngandika malih ||

73. alah uwis kaki sira abalia | rêbutên ing Matawis | ingkang milu sira | pan iya arinira | Si Martasana sirèki | ngadêga Jênar | lawan Si Singasari ||

74. dene ingsun kaki laju lakuningwang | nanging kakangirèki | iya Ki Dipatya | Anom Mangkunagara | aywa pisah lawan mami | têlas wêlingnya | sang nata brăngta kingkin ||

49. Asmarandana

1. kang putra sigra tur bakti | sumungkêm padaning nata | mangusap lêbu mukane | apamit gya barisira | ing Jênar kang sinêdya | kawarnaa sang aprabu | ya ta lajêng lampahira ||

2. ing Ajibarang kawingking |

--- [318] 398 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 30 dari 58

nanging lampah dèrèng liwat | saking bumi Toyamase | samana sri naranata | lampahe sarêng prapta | dhusun Pasiraman wau | sang nata anyandhak gêrah ||

3. dene putra kang umiring | kang tan têbih lan sang nata | mung Pangran Dipati Anom | Mangkunagara Mataram | kalawan arinira | anênggih kang maksih timur | kang anama Radyan Tapa ||

4. samana sri narapati | ngandika mundhut dawêgan | dhatêng pangran dipatyanom | sigra ngutus ingkang wadya | pangeran adipatya | amundhut dawêgan wau | sigra katur kang dawêgan ||

5. dhatêng pangeran dipati | wau kang punang dawêgan | sigra anuli binolong | dawêgan mring jêng pangeran | nulya katur sang nata | kalane dawêgan katur | wus kapanggih bêbolongan ||

6. ya ta ngandika sang aji | lah tarima ki dipatya | gonira wèh dêgan mring ngong | ingsun wêruh karêpira | yèn sira gege ingwang | ywa sira gege maring sun | iya ta măngsa wurunga ||

7. lah ta mangkonoa kaki | iya mangko karsanira | apan ta sira wiyahèn | ingsun kon angrêbut sira | marang nagaranira | dene sira nora purun | ing mangko mangkono sira ||

8. lah iya wruhanireka |[26] ki dipati jênêngira | amung awakira dhewe | ingkang mukti ngawibawa | datan têrah ing suta | lan duwe wawêkas ingsun | ki dipati marang sira ||

9. ing besuk sapungkur mami | sira myang nak putunira |

--- [319] 399 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 31 dari 58

ora sun awênangake | nyadrana ngastananingwang | ya ta sri naranata | saya ngranuhi grahipun | pangran dipati uninga ||

10. ingkang rama angranuhi | gêrahira tiningalan | ya ta pangran dipatyanom | tansah sira mêngkul pada | saumijil kang waspa | kang rama wungu angrangkul | mring janggane ingkang putra ||

11. sarwi ngandika narpati | dhatêng putra jêng pangeran | adhuh nyawa anak ingong | ki dipati wruhanira | lah iki ingsun uga | wus pasthi karsa Hyang Agung | yèn wus puput jênêng ingwang ||

12. iki babêrkatan mami | kabèh sira tampanana | yuswa sira kang aduwe | pan sira putra ngong tuwa | kang yugwa[27] gumantia | marang panjênêngan ingsun | nanging ta wawêkas ingwang ||

13. ngandika sri narapati | yèn ingsung têkèng wêkasan | poma ta wawêkas ingong | kaki sira mangetana | ngajaka wong Walănda | iku kanthinên prang pupuh | amalêsa ukum sira ||

14. marang wong brang wetan benjing | iya sun amini sira | iya ngrêbuta palugon | nagarinira Mataram | yèn kanthi wong Walănda | ing ajurit pilih mungsuh | pan wus karsaning Hyang Suksma ||

15. iku mingêr sawab salin | iya mangsane ing benjang | si kapir unggul yudane | karane sira kanthia | ing mêngko Si Walănda | angrêbut prajanirèku | ing Mataram iku benjang ||

16. lan malih wawêkas mami | ki dipati marang sira | yèn [yè...]

--- [320] 400 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 32 dari 58

[...n] wus sun têkèng samados | wus mantuk ing Ramatollah | iku ta layon ingwang | sarèkna Tatêgal iku | tunggalêna guruningwang ||

17. kang sinare ing Têtêgil | iku kaki guruningwang | dening ta wawês ingong |[28] ki dipati marang sira | iya kalamun ana | ana lêmah kang pêpunthuk | dèn inggal sira găndaa ||

18. kalamun gandane wangi | ing kono panggonan ingwang | ri sampun têlas wêlinge | sang nata ing gêrahira | saya nglayadi ika | mangkana amafat sampun | kang tangis kadya ampuhan ||

19. amung pangran adipati | kang nungkuli sedanira | lawan putra wuragile | ingkang nama Radèn Tapa | sigra pangran dipatya | wus sung wruh mring Ki Tumênggung | Martalaya ing Tatêgal ||

20. saksana mangkat tumuli | Ki Tumênggung Martalaya | dhatêng Toyamas lampahe | mêthuk layoning narendra | sigra binakta inggal | kang layon mring ki tumênggung | dhatêng nagri ing Tatêgal ||

21. pangran dipati tan kari | ngiringkên layoning nata | samana prapta lampahe | dening astona Tatêgal | bumi wangi kapêndhak | tan antara layon prabu | apan sampun sinantêna ||

22. ri wusnya sumèlèh mangkin | sri narendra ing Mataram | ing Têgalgănda sinare | ingkang kantun kawarnaa | para putra têtiga | sakawan lan arinipun | ingkang dèrèng antuk nama ||

23. mangkana wau winarni | sasedane ingkang rama | sumêdya

--- [321] 401 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 33 dari 58

sami pêpulèh | dènnyarsa ngrêbat Mataram | pan wus anunggil karsa | ing Bagêlèn ênggènipun | ing Jênar gènnya palênggah ||

24. ing Samalang[29] uwus ngalih | apan ta suyud sadaya | sakathahipun wong kilèn | dening mantri ing Mataram | nama Gajah Pramoda | punika wau kang kantun | ngawula mring rajaputra ||

25. Pangeran Pugêr anênggih | asare dalu supêna | panggih lan rama tingale | ingkang sampun tulus seda | jro supêna ngandika | lah balia anak ingsun | rêbutên nagri Mataram ||

26. mangko wis ungsume kaki | kêkithaa anèng Jênar | sapali lire asare | rajaputra pan kalintang | gagêtun supênanya | atari mring mantrinipun | tanapi para punggawa ||

27. miwah para tapa nênggih | karsanira sang aputra | arsa jumênênga katong | sinibaa pra punggawa | miwah pra mantrinira | sakèh pra punggawa mêthuk | tanapi kang para tapa ||

28. ya ta sang aputra aglis | sampun jumênêng narendra | Senapati Ngalagane | Sayidin Panatagama | akêkitha ing Jênar | Purwagănda wastanipun | pra mantri suyud sadaya ||

29. yèn siniba sri bupati | pinarak anèng dhêdhampar | samana pra santanane | akathah ngantuni kitha | Radèn Wirataruna | Radèn Răngga apan sampun | tanapi para punggawa ||

30. miwah ingkang para mantri | Tumênggung Gajah Pramoda |

--- [322] 402 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 34 dari 58

apan kantun sakancane | ngawula mring radèn putra | miwah rayi katiga | wong Bagêlèn apan suyud | sami kinulawisudha ||

31. wau limane sang aji | tinilar anèng ing marga | pan wus pinurugan age | warnanên tiyang Madura | kang anututi sira | Dhandhangwacana pangayun | kandhêg wontên Jagabaya ||

32. polahe anggêgilani | wong Kalagan kang amapag | prange wêwaja arame | tiyang Bagêlèn sumahab | sami ngantêp ing yuda | mantri Kalagan ta wau | sami ngawaki priyăngga ||

33. arame dènnya ajurit | dènnya aprang Jayabaya | tan arsa mundur tandange | prajurit Dhandhangwacana | ika apan kawasa | tan pisah ing waos dhuwung | arame prang long-linongan ||

34. ing sabên dina ajurit | kalawan tiyang Kalagan | bêdhil-binêdhil arame | wadyabala kathah pêjah | buru-binuru ika | anèng ing Jagabayèku | wong Bagêlèn tinindhihan ||

35. mring pra santana Matawis | ing sabên dina ayuda | kasaput wêngi arèrèn | enjang anêmbang tangara | sira Dhandhangwacana | ngundhangi ing wadyanipun | kalawan prajuritira ||

36. tiyang ing Madura sami | anggrêgut ing tandangira | sêdya angantêp jurite | ing kering tiyang Makasar | prajurit ing Madura | apan asiyaga sampun | miwah wadya ing Kalagan ||

37. sigra ngantêp ing ajurit | Panêmbahan ing Ngalaga [Ngala...]

--- [323] 403 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 35 dari 58

[...ga] | ingkang nindhihi jurite | dadya kang prajurit samya | miwah para santana | sadaya apan anggrêgut | Rahadèn Wirataruna ||

38. Radèn Wiramanggalèki | Tumênggung Gajah Pramoda | Pangeran Martasanane | lan Pangeran Singasêkar | samya nindhihi yuda | sumêdya rêbat kadhatun | sigra campuh ing ayuda ||

39. arame têmpuhing jurit | buru-binuru kang yuda | wong Sampang kasor jurite | malah akathah kang pêjah | wong Madura Makasar | samana sampun kaburu | wong Sampang lorod mangetan ||

40. dènnya amburu mangungkih | wau prajurit Kalagan | wus nyabrang Jagabaya ge | sumêdya angrêbut pura | pan saya angsal manah | tiyang Bagêlèn anggrêgut | myang Panêmbahan Ngalaga ||

41. wau kalawan kang rayi | wus anabrang Jagabaya | wong Madura palayune | datanpa nolih ing wuntat | kalawan wong Makasar | ngungsi kitha sêdyanipun | warnanên kang kari ika ||

42. ingkang ngangkahi jro puri | Ki Tumênggung Mangkuyuda | punika ingkang angrêngkoh | nênggih kadhaton Mataram | polahira Sampang |[30] lwir yaksa non dagi[31] wau | Dipati Sampang kacandhak ||

43. ingkang anèng ing Matawis | Ki Dipati Cakraningrat | sampun lami kacêkêle | mring prajurit Mangkuyudan | wus binoyongan ngetan | samana pan sampun katur | dhatêng Radèn Trunajaya ||

44. ya ta wau dèn sakiti | ingkang paman Cakraningrat | dinèkèk [di...]

--- [324] 404 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 36 dari 58

[...nèkèk] lodhayane |[32] wau lawan rabinira | langkung kawêlasarsa | ênêngêna kang winuwus | warnanên Dhandhangwacana ||

45. ingkang kaburu angungsi | ing jro kitha ing Mataram | datan kari sarowange | ya ta wau Panêmbahan | ing Ngalaga kalawan | ingkang rayi ambêbujung | dhatêng Ki Dhandhangwacana ||

46. saha gêgaman ngajrihi | ya ta têtiyang Mataram | samana kathah kang rawoh | dening amiyarsa warta | kalamun gustinira | wangsul malih juritipun | marmanipun wong Mataram ||

47. sumahab wau kang prapti | apan sami angawula | nênggih dhumatêng sang katong | Panêmbahan ing Ngalaga | saya kêkah kang yuda | dening têtiyang Matarum | kang mawut sami ngalêmpak ||

48. lampahira sampun prapti | wau nagri ing Mataram | sumahab wau barise | anèng sajawining kitha | Tumênggung Mangkuyuda | kang anèng jroning pura gung | kalawan Dhandhangwacana ||

49. lawang kitha dèn tangkêbi | samya miris manahira | wong Madura sakathahe | kang sami kaburu ika | miwah bala Makasar | samya miris manahipun | dening sajawining kitha ||

50. mêlatar kang punang baris | kang sinêmbah ing Ngalaga | kang nêdya ngrêbat purane | tan kawarna solahira | dènnya amangun yuda | wong Sampang giris tyasipun | lolose dalu sêmana ||

51. saking jro kitha Matawis | Ki Tumênggung Mangkuyuda |

--- [325] 405 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 37 dari 58

datan kari sabalane | apan sami gêrawalan | pêlayune angetan | Kadhiri sêdya jinujug | tan kawarna lampahira ||

52. warnanên sri narapati | kalawan kang rayi ika | sampun karêbat purane | Panêmbahan ing Ngalaga | wus ngêdhaton Mataram | wuwus têtêp karatonipun |[33] wadyabala ing Mataram ||

53. akathah kang sami prapti | pra mantri miwah kapêdhak | lawan pra santana kabèh | têtêp panjênêngan nata | anèng nagri Mataram | ingkang wadyabala suyud | sêmana kang pra santana ||

54. prasami jinunjung linggih | wontên kang rayi satunggal | samana durung alunggoh | ya ta kinulawisudha | jinunjung lungguhira | sinungan kêkasih wau | Pangeran Arya Panular ||

55. miwah pra santana sami | sadaya jinunjung lênggah | Dipati Mangkubumine | ingkang anisihi ika | pan wus jinunjung lênggah | Radèn Răngga namanipun | Adipati Martasana ||

56. ingkang santana ta malih | nama Radèn Ănggayuda | sampun jinunjung lungguhe | anênggih kêkasihira | Pangran Natakusuma | sêmana sampun misuwur | ing wong Mataram sadaya ||

57. wau ta ingkang winarni | kang nama Kiyai Kamal | sampun jinunjung lungguhe | dadya pangulu Mataram | têtêp jênênging nata | têtiyang alit jrih lulut | anglampahi ukumullah ||

58. parentahe sri bupati | apan adil palamarta |

--- [326] 406 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 38 dari 58

wong Mataram suyud kabèh | nanging kalane sêmana | nagara ing Mataram | asangêt gêgêring agung | têrag udan larang pangan ||

59. sangêt wêlaking Matawis | gêsêng wau kang nagara | apan ta maksih hawane | rèhning nagri mêntas rusak | mila sangêt sêmana | Mêtaram gêgêringipun | gêsêng tan kêna ingambah ||

60. pan kere aglar ing margi | pan tinut ing kudhis ika | bêlarongan ta ambune | bêbêdhilên nut sikilnya | kêkere kathah pêjah | adulur anèng lêlurung | miwah lèpène atembak ||

61. wadya pan kirangan bukti | têrag udan larang pangan | ingkang wong tambuh polahe | saking sangêting wawêlak | nagari ing Mataram | langkung kawlasasihipun | wong sêsambat guladrawa ||

50. Dhandhanggula

1. ya ta sangêt wêwêlah nagari | apan kathah sakiting sujalma | panastis lawan rumabe | wadya pating galuruh | ingkang gêring sore sok mati | saking sangêting lara | ingkang gêring esuk | apan sore pêjahira | wong Mataram anandhang datan abukti | asangêt larang pangan ||

2. Adipati Martasana sakit | tan alami ya anulya seda | sarêng kalihan arine | ya ta pangeran wau | Singasari pan angêmasi | wong cilik têtumpêsan | wadya ing Matarum | sangêt susahe kang manah | ing Mataram asangêt dènnya gêsêngi | datan ana ingambah ||

3. ênêngêna kang madêg narpati | sira Panêmbahan [Panêmbaha...]

--- [327] 407 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 39 dari 58

[...n] ing Ngalaga | kang ngadhaton ing purane | wau ingkang winuwus | putra sêpuh kang agêng brangti | pangeran adipatya | tansah nganyut wuyung | sasedane ingkang rama | sakêlangkung wau dènnya agêng brangti | sumêdya anglêlana ||

4. nglampus ing manah atêmah brangti | apan dipati ing karsanira | anggung măndra ing sêdyane | apan sampun anglampus | tan anêdya wau ngulati | nèng marga kawibawan | wau sêdyanipun | minggah khaji dhatêng Mêngkah | pan kapalang punggawa anggêgendholi | sadaya tan arêmbag ||

5. nanging samana pangran dipati | mêsu dhatêngakên liding manah | pan datan wontên sêdyane | yèn gumantia ratu | dhatêngakên ge munggah khaji | dhatêng nagari Mêkah | nuntên paras wau | nanging aturing punggawa | sangêt mambêng sêmana miwah kiyai | Tumênggung Martalaya ||

6. pan mangkana ture para abdi | sarta Ki Tumênggung Martalaya | yèn suwawi nah ing anggèr | lêhêng jumênêng ratu | anggêntosi rama sang aji | angandika Jêng Pangran | Dipatya Matarum | iya bênêr aturira | Martalaya pan ingsun iki samangkin | apan ora akarsa ||

7. yèn jumênênga ratu ing mangkin | balik sira ingsun golèkêna | parau pira rêgane | ingkang ngicisi ingsung | ingkang layak ingsun gawa benjing |[34] munggah haji mring Mêkah | Martalaya matur | inggih sandika pangeran | nanging pun Martalaya botên suwawi | gusti anglugas raga ||

8. nadyan benjing anglugasa

--- [328] 408 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 40 dari 58

ragi | gusti yèn sampun pun Martalaya | golang-galing mastakane | kalihan kalihipun | mêngsah dalêm sampun kuwatir | inggih tiyang Madura | saprakoswanipun | kapanggiha ing kawula | gih manawi Martalaya angêmasi | rêmak binandhêmêna ||

9. angêndika Pangeran Dipati | Martalaya iya sun tarima | ing sakèhe prasêtyane | ya marang jênêng ingsun | nanging ingsun samêngko iki | nora karsa ayuda | amung sêdyaningsun | arsa sun lêkasana |[35] munggah haji têka upayakna mami | parau kang prayoga ||

10. Ki Martalaya umatur aris | gusti nagari dalêm Têtêgal | wontên baita asae | kaantosna karuhun | kula dadak damêl ing mangkin | baita kang prayoga | katitihan besuk | kabêkta dhatêng ing Mêngkah | minggah haji ngandika pangran dipati | iya sun anti sira ||

11. pan dèn kêbat gonira akardi | palwa sun antèni ing Banyumas | saksana pangran budhale | ing Banyumas ta wau | wontên dene pan ingkang ngiring | wong anom kang tut wuntat | ki lêlurah wau | awasta pun Măndaraka | sarêng dhatêng Toyamas lajêng mring masjid | sira pangran dipatya ||

12. tansah manêkung samadi êning | munggwing masjid pangeran dipatya | tan alami antarane | pan dawêg pitung dalu [da...]

--- [329] 409 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 41 dari 58

[...lu] | anggènipun sare nèng masjid | ing madya ratri ika | nênggih wancinipun | anuju malêm Jumungah | jêng pangeran adipati aningali | wulan pêpitu prapta ||

13. pangran dipati awas ningali | wulan pêpitu datan antara | têka manjing ing jajane | masjid katon garuwung | sirah gada datan kaèksi | nanging langit kawuryan | wau kang kadulu | ana manusa tumêdhak | saking wiyat cahya nêlahi jro masjid | gêdhene saukiran ||

14. munggwing ngarsa cinandhak tan kêni | manusa têka manjing ing grana | mangkana ing sajarahe | pangran dipati wau | kalanira anèng ing masjid | pan sampun kalêbêtan | cahya ingkang luhung | pan sanès raosing driya | lawan saban jagad sajawa puniki | wus kagêgêm ing asta ||

15. cahyanira pangeran dipati | pan dumêling lir wulan purnama | amicarèng jro driyane | iya salaminipun | mangkanaa raosing galih | kaya ta nora bêdhah | nagri ing Matarum | karsane pangran dipatya | pan umadêg narendra padha samangkin | anggêntèni kang rama ||

16. sakwèh babêrkatan ing Matawis | apan wontên wau rajaputra | sakèhe wasiyat kabèh | ya ta nulya rinasuk | pun rasukan Kiyai Gondhil | mangkya Kiyai Blabar | ngagêm Kyai Baru | pan sarya ingêmbat-êmbat | pan Ki Baru samana pangran dipati | wus munggwing ing dhêdhampar ||

--- [330] 410 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 42 dari 58

17. pra punggawa supênuh anangkil | sakathahe ingkang wadyabala | gagêtun mulat gustine | apan sanès dinulu | lawan saban-saban tinangkil | ingkang cahya lir wulan | nêlahi dinulu | kucêm kabèh kang siwaka | upamane lir surya miyat ing langit | lintang tan katinggalan ||

18. angandika pangeran dipati | dhatêng wau Kyai Măndaraka | lawan Ki Sêndhi jajare | hèh ta wruhanirèku | Măndaraka lawan Si Sêndhi | mêngko ta karsaningwang | kaya ingsun wurung | gon ingsun karsa mring Mêkah | munggah haji dening karsaningsun mangkin | mangun karaton ingwang ||

19. kaya kêlar mêngko ingsun iki | angagêma Kyai Baru uga | hèh Măndaraka ing mangke | miwah Sêndhi sirèku | payo padha pandum karyèki | lah sira Măndaraka | lan Nirdakartiku | mênyanga mring Batawiyah | alah sira mundhuta bala Walandi | marang si kaki jendral ||

20. padha sira mangkata samangkin | sira waraha si kaki jendral | yèn karsaningsun ing mangke | arsa mangsah ta ingsun | ngadilaga amapag jurit | yudane wong Madura | sigra kang ingutus | kalih wus atur pranata | mêsat kalih saking ngarsane ing gusti | jêng pangran angandika ||

21. hèh ta Sêndhi Wiradi sirèki | Ănggajaya sira lumakua | marang Tatêgal [Tatêga...]

--- [331] 411 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 43 dari 58

[...l] dèn age | warahên Si Tumênggung | Martalaya yèn ingsun mangkin | pan wurung marang Mêkah | munggah haji ingsun | amangun karaton ingwang | karsaningsun angrêbut nagara mami | lawan sira waraha ||

22. yèn ingsun arsa mangkat tumuli | masanggrahan anèng ing Tatêgal | lawan wêkas ingsun manèh | Si Martalaya iku | asaosa samabtèng jurit | lah wis sira mangkata | sigra kang ingutus | wus mangkat saking ngajêngan | wontên malih abdi kadospatèn lami | aran Ki Pranantaka ||

23. Si Gêndhewor wastane duk alit | kala taksihe amanakawan | kala samana kinèngkèn | dhatêng gustine wau | iya kangjêng pangran dipati | ngandikane pangeran | marang kang ingutus | kang aran Ki Pranantaka | Si Gêndhewor sira ta lungaa aglis | sira mênyanga donan ||

24. sira ngularana sêkar adi | iya sêkar wijayakusuma | lah iku sira dèn olèh | sigra saha wotsantun | Pranantaka saking ing ngarsi | sampun mangkat sadaya | wau kang ingutus | awatara pitung dina | kang ingutus mring Têgil bubar tumuli | mangkat dhatêng Tatêgal ||

25. tan kawarna lampahirèng prapti | sigra dhatêng nagari ing Têgal | kang ingutus katigane | cundhuk lan Ki Tumênggung | Martalaya utusan prapti | andhawuhakên timbalan |[36] sira sang sinuhun | bungah amarwata suta | ki tumênggung

--- [332] 412 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 44 dari 58

tampi timbalaning gusti | sigra ngatag ing wadya ||

26. wadyanira gupuh dènnya kardi | pasanggrahanira jêng pangeran | adipati mèh praptane | miwah Kyai Tumênggung | Martalaya sira tumuli | pêpak punang gêgaman | sigra ki tumênggung | lajêng dhatêng ing Toyamas | karsanipun mêthuk pangeran dipati | mangkat sarêng utusan ||

27. tan kawarna lampahirèng margi | sigra dhatêng nagri Toyaêmas | Ki Martalaya lampahe | pan lajêng sowan wau | pan kairid dhatêng Ki Sêndhi | Wiradi Ănggajaya | wus munggwing ing ngayun | kawula atur pranata | jêng pangeran dipati ngadika aris | dhatêng Ki Martalaya ||

28. abagea satêkanirèki | Martalaya saha tur pranata | dhatêng anuwun ature | Martalaya umatur | amangsuli dikaning gusti | anggèr pun Martalaya | pan salaminipun | angajêng-ajêng ing karsa | karsa dalêm ingkang manguna ajurit | amangkua karatyan ||

29. mila ing mangke kawula gusti | langkung sukane manah kawula | ngraos dhatêng pangantose | kalihan malihipun | abdi dalêm kang kantun wingking | sami saos sadaya | pasanggrahan sampun | pangran dipati ngandika | iya ingsun angrêbut nagara mami | nanging sira antèkna ||

30. dene ingkang lagi ingsun anti | iya lakune Si Ăndakara | Si Nirdakarti rowange | iku padha sun utus | yakti ingsun anti yèn prapti | ana nagaranira | ing pangantinipun | wruhanira [wruha...]

--- [333] 413 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 45 dari 58

[...nira] iku uga | ing lakune Andakara Nirdakarti | sun kon mring Batawiyah ||

31. iku sun kon mundhuta kang asih | pitulung marang si kaki jendral | Ki Martalaya ature | yèn suwawi pukulun | asru mambêng kawula gusti | inggih lamun kenginga | sampun minta tulung | dhumatêng pun kaki jendral | karantêne adating bala Kumpêni | akathah ingkang cidra ||

32. wontên dene mêngsah dalêm gusti | nênggih tiyang Maduntên punika | sampun dados watir malèh | yèn têksih pun tumênggung | pangran sampun tumuta jurit | inggih pun Martalaya | andêlên nèng kewuh | ingkang tanggênah gulanga | mêngsah dalêm pun Martalaya tan gingsir | jêng pangran angandika ||

33. iya bênêr aturirèng kami | Martalaya ta wruhanira |[37] iya awak ingsun kiye | wus jangjining Hyang Agung | iya pasthi tan kêna gingsir | iya ing jaman kina | kala kangjêng ibu | amawratakên maringwang | kala ingsun dèn wawratkên limang sasi | ibu ngandikan eyang ||

34. sarêng ibu katingal anuli | eyangku sultan datan antara | samana inggal têndhake | têka dhêdhamparipun | eyang Ratu Kulon ningali | yèn eyang sultan têdhak | samana umatur | eyang ratu marang sultan | pan mangkana ature yang ratu dhingin | sultan lah punapaa ||

35. sarêng katingal bok mantu prapti | yèn sampeyan têdhak saking dhampar | inggih punapa ajrihe | dhumatêng ing bok mantu | eyang Sultan Mataram angling | Mangkana andikanya [andika...]

--- [334] 414 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 46 dari 58

[...nya] | lah iya bok mantu | iku ta kawruhanira | kang dèn kandhut mantunira iku benjing | têmbe jumênêng nata ||

36. tur iku ratu abala kalih | iya ingaran bala bacingah | mulane sun têdhak age | dene ku kaya ingsun | padha ratu lan jênêng mami | lah iku Martalaya | eyang dikanipun | tumungkul Ki Martalaya | pan rumăngsa kaluhuran sadayèki | dadya sumagwèng[38] karsa ||

37. ri sampuning pangran mituturi | mring Martalaya saksana bubar | mangkat mring Têgal lampahe | tan kawarna ing ênu | sigra dhatêng nagri Tatêgil | lajêng amasanggrahan | sigêgên karuhun | kucapa Ki Măndakara | Nirdakarti katrima lampahirèki | dhatêng ing tuwan jendral ||

38. malah binêktan bala Kumpêni | pangagênge nênggih Tuwan Amral | Hèrduwèlbèh kêkasihe | lan malih kanthinipun | tan lyan bala Makasar Bugis | kêkalih pangagêngnya | kang jaga pakewuh | awasta Kraèng Mandhangdhrang | Kraèng Naba kêkalih sami prajurit | ri sampuning mangkana ||

39. tuwan jendral ngaturi pakirim | pangangge-angge langkung akathah | kabêkta dening lampahe | Ki Măndaraka iku | lawan sira Kiyai Sêndhi | ri sampuning mangkana | têlas wulangipun | tuwan jendral dhatêng Amral | Hèrduwèlbèh anuntên mangkat tumuli | Amral lan Măndaraka ||

40. mêdal baita lampahirèki | tan kawarna ing palayarira | akêbat [akê...]

--- [335] 415 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 47 dari 58

[...bat] palwa lampahe | sigra anuli rawuh | ing muara nagri Tatêgil | ya ta Ki Măndaraka | mêntas saking laut | lajêng dhatêng pasanggrahan | angaturi wuninga yèn angsal kardi | dhumatêng gustinira ||

41. sarêng katingal ingawe prapti | Andakara dhumatêng pangeran | dipati sigra lampahe | prapta ngajêngan sampun | Măndaraka saha wotsari | mangrêpa lungguhira | dèrèng kongsi matur | kasêlak pangran ngandika | Măndaraka apa sira olih kardi | iya ing lakunira ||

42. Andakara matur awotsari | saking sawab bêrkat jêng pangeran | inggih kawula sal gawe | rèhning kawula ngutus | pan angêmban timbalan gusti | inggih pun kaki jendral | tan sawalèng kayun | saos karsa jêng pangeran | inggih mangke bêktani bala Walandi | dhatêng lampah kawula ||

43. dening pangagêng kang anindhihi | bala Walandi ingkang kabêkta | wasta Amral Hèrduwèlbèh | lan wontên malihipun | kang minăngka kanthi Walandi | inggih bala Makasar | sapêngagêngipun | dene pangagêng punika | wastanipun Kraèng Madhangdhrang satunggil | kalih Karaèng Naba ||

44. dening mangke kang bala Walandi | têksih wontên sami nèng muara | jêng pangeran ngandikane | lah timbalana iku | Măndaraka dipun agêlis | konên munggah ing dharat | wong Walănda iku | ingsun pan arsa uninga | Măndaraka tur sêmbah

--- [336] 416 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 48 dari 58

sigra lumaris | dhumatêng ing muara ||

45. sapraptane ing muara nuli | Tuwan Amral Hèrduwèlbèh ngandikan |[39] sigra mangkat sabature | saking muara iku | ya ta dhatêng dharat pasisir | kerit mring Măndaraka | lajêng lampahipun | dhumatêng ing pasanggrahan | sapraptane ing ngarsa pangran dipati | sami ngadêg kewala ||

46. pangadêge sami ngêmpit topi | ya ta kangjêng pangeran ngandika | mring Andakara atakèn | apa karane iku | Andakara Walănda iki | têka angadêg padha | ngêmpit topi iku | têka tan gêlêm asila | ngarsaningwang Nirdakarti awotsari | matur ing jêng pangeran ||

47. inggih sampun tatanipun gusti | wontên griyanipun punika |[40] inggih makatên tatane | pangran suka gumuyu | aningali tata Walandi | saksana Tuwan Amral | Hèrduwèlbèh matur | dhumatêng kangjêng pangeran | gusti Raja Mataram kula puniki | ingutus kaki jendral ||

48. ngaturakên tabenipun gusti | kathah-kathah dhatêng jêng pangeran | sarta pun kaki wêlinge | ngaturi pakêkintun | ingkang warni pangangge adi | katura ing paduka | pangran ngandika rum | lah iya ingsung tari |[41] sih mulane kaki jendral marang mami | tambuh sun walêsêna ||

49. kala samana pangran dipati | ya ta wau mêpak wadyabala | sarta para ulamane | gènnyarsa madêg ratu | anggêntèni jênêng ramaji | amrih ingèstrènana | ngulama gung-agung | miwah kang para pandhita | para alim miwah kang wadya [wa...]

--- [337] 417 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 49 dari 58

[...dya] gung alit | sampun pêpak sadaya ||

50. angandika pangran adipati | hèh sakèhe kabèh wadyaningwang | mêngko sun jaluk yêktine | padha ngèstokna ingsun | madêg nata iya gêntèni | ing jênêngira rama | pan jêjuluk ingsun | Susuhunan Amangkurat | Senapati Ngalaga Ngabdurrahmani | Sayidin Natagama ||

51. wadyabala miwah para mukmin | maulana ngèstrèni sadaya | susunan pangandikane | Si Măndaraka iku | ingsun gawe pêpatih mami | sun wênangakên iya | marentaha iku | ing sakèhe wadyaningwang | Măndaraka samêngko ingsun arani | Tumênggung Măndaraka ||

52. kala jumênêng sri narapati | ing Rêbo Êpon dinane iya | nuju tanggal patlikure | ing Sura sasinipun | taun Wawu dèn sêngkalani | janma anèng gêgana | winayang ing ratu | samana Ki Pranantaka | kang ingutus mring donan amundhut sari | praptane angsal karya ||

53. angupaya pan angsal sarakit | aran sêkar wijayakusuma | samana wus ngaturake | dhumatêng sang aprabu | langkung suka galih narpati | rumaos yèn sih ingwang | nugrahèng kang luhur | dhawuh rumasuk ing nata | panjênêngan nungsa Jawa wus kapundhi | kagêm anèng ing asta ||

54. Pranantaka sakalangkung dening | kapracaya ing salampahira | kinulawisudha mangke | apan jinunjung lungguh | Pranantaka sinung kêkasih | jinunjung saking andhap | sumêkèng aluhur [a...]

--- [338] 418 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 50 dari 58

[...luhur] | aran Arya Sindurêja | Kyai Sêndhi apan sinungan kêkasih | aran Dêmang Urawan ||

55. Andakara pan jinunjung linggih | aran Ki Ngabèi Wiradigda | sampun madêg karatone | wong têngahan sumuyud | apa dene kang wong pasisir | ngawula ing Susunan | Mangkurat linuhung | Miwah ta wong ing Mataram | sami prapta angawula mring sang aji | Prabu Anom Mangkurat ||

56. nanging dèrèng kang jinunjung linggih | Nirdakarti lawan Ănggajaya | miwah Ki Wiradipane | apan nulya kasaru | akèh karya kang dèn lampahi | nênggih kala samana | kangjêng sang aprabu | têksih-têksih kang rumêksa | upacara sakapraboning narpati | dèrèng wontên kang bêkta ||

57. dadya mundhut tiyang ing Têtêgil | jêng susunan kinarya kapêdhak | cacah wong pitung atuse | dados andêling kewuh | nulya wau dipun wastani | aran wong jagasura | sadaya sumuyud | saya akathah kang prapta | wong Mataram miwah abdi ingkang lami | miwah kang panakawan ||

58. apan ta sami jinunjung linggih | wau tiyang kadipatèn lama | akathah kang linggih lante | anèng ing Têgalarum | kawarnaa sri narapati | wau karsa utusan | mring pasisir iku | pamrihe sri naranata | wong pasisir sebaa marang Tatêgil | samana sri narendra ||

59. duk siniba munggwing păncaniti | sri narendra nèng nagri Tatêgal | kang tansah munggwing ngarsane |

--- [339] 419 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 51 dari 58

kang aran Ki Tumênggung | Măndaraka kalawan malih | Ki Arya Sindurêja | jajare alungguh | Ki Ngabèi Wiradigda | Ki Urawan Madurêtna munggwing ngarsi | lan Tumênggung Ngawăngga ||

60. angandika wau sri bupati | Măndaraka lah ing karsaningwang | iya mêngko ing bêcike | Sindurêja puniku | Măndaraka arsa sun tuding | iya anêlukêna | mring pasisir iku | pamrih ingsun iku uga | wong pasisir sebaa mring ngarsa mami | Sindurêja dandana ||

61. Măndaraka kaya pa sirèki | awotsêkar Măndraka sumăngga | ing karsa langkung pênêde | angandika sang aprabu |[42] apan uwis mangkata aglis | Sindurêja dèn yitna | Kêndhal Kaliwungu | iku sira têlukêna | ya dimène padha seba ngarsa mami | lêgane atiningwang ||

62. upamane ngidhêp mring sirèki | saprayogane ing lakunira | gawaa wadya dèn akèh | Si Madurêtna iku | si tumênggung iya ing Wanggi | iku ingkang milua | ing lakunirèku | iya padha tindhihana | marang lakunira angêtêrna ugi | nuli sira mangkata ||

63. iya lawan wêkas ingsun malih | lah ing Kêdhu sira paranana | padha sira juma kabèh | lan nagri ing Matarum | timbangana sira dèn becik | ingkang anèng Mataram | sapa aranipun | lan kaya priye kang warta | dèn prayitna sun ora mamêkas maning | Sindurêja tur sêmbah ||

64. ya ta kondur wau sri bupati | kawarnaa Arya Sindurêja | wus adandan sabalane | tan kawarna ing ênu | wus amêpêk kang punang baris | kadi prawata sêkar | swarane pan [pa...]

--- [340] 420 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 52 dari 58

[...n] umyung | Sindurêja wus adandan | Madurêtna wadyane sampun acawis | sigra anuli bubar ||

65. tan kawarna ing lampahirêki | sampun prapta nagari ing Kêndhal | wong alit sumuyud kabèh | miwah ing Kaliwungu | datan ana salayèng kapti | apan sami aseba | wong ing Kaliwungu | dhumatêng Ki Sindurêja | atur bêkti sasêgah tur pati urip | miwah tiyang ing Kêndhal ||

66. tan kawarna solahirèng nguni | sami seba dhatêng ing Tatêgal | lawan sawadya mantrine | wong Kêndhal Kaliwungu | kawarnaa wau kang kari | Ki Arya Sindurêja | lajêng dhatêng Kêdhu | kalawan Ki Madurêtna | sabalane sami prayitnèng ing wèsthi | tiyang ing Mangkuratan ||

67. desa Kêdhu kalane ing mangkin | apan ta taksih wayang-wuyungan | tan na pangidhêpane |[43] tiyang alit tarupu | sabêdhahe nagri Matawis | wong bumi lawan Bumija |[44] mija wayang-wuyung | dening keron manahira | pan akathah bahak-binahak ing jawi | akathah wong bêbegal ||

68. nanging Ki Wăngsacitra ing mangkin | pan angidhêp dening wong akathah | dadi gêgunungan dhewe | anèng desa ing Kêdhu | datan ana lênggana kapti | sira Ki Wăngsacitra | prakuswa atêguh | kalawan bawa lêksana | marmitane kinalulutan wong cilik | sira Ki Wăngsacitra ||

69. kawarnaa wau kang lumaris | ingkang nama Arya Sindurêja | nênggih Kathithang jujuge | samana sampun rawuh | ing Kathithang rêrêb tumuli | andhèr nèng pamondhokan | ing desa supênuh |

--- [341] 421 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 53 dari 58

kawarnaa Wăngsacitra | nulya sêba mring Sindurêja tumuli | sarwi ambêkta sêgah ||

70. sakalangkung dènira minta sih | Sindurêja lêga ingkang manah | dening tumingal sakèhe | wong Kêdhu kathah rawuh | pan sumuyut sarwi tur bêkti | sira Ki Wăngsacitra | kang dadi gêgunung | pan wong Kêdhu ingirupan | Sindurêja sakalangkung dènira sih | marang Ki Wăngsacitra ||

71. malah karsa pan jinunjung linggih | apan dinamêl babudhêlira | tiyang Kêdhu sakathahe | ya ta sampun arêmbug | kintun sêrat dhatêng Tatêgil | mring Susunan Mangkurat | tan kawarnèng ênu | apan sampun ingidenan | ing susunan sinungan lorodan nyamping | sira Ki Wăngsacitra ||

72. tan kawarna wus jinunjung linggih | ingkang anama Ki Wăngsacitra | sampun alêlinggih lante | anama Ki Tumênggung | Mangkuyuda dados têtindhih | tiyang Kêdhu sadaya | pan sampun sumuyud | ing Tumênggung Mangkuyuda | Sindurêja kalangkung lêga kang galih | ing Kêdhu wus atata ||

73. tan kawarna solahirèng nguni | kawarnaa kang anèng Têtêgal | wong pasisir suyud kabèh | sowan mring Têgalarum | datan ana suwalèng kapti | suyut marang Susunan | Mangkurat Sinuhun | ing Barêbês dèrèng sowan | tan kawarna alami anèng Têtêgil | inggar sakwèhing wadya ||

74. ênêngêna kang anèng Tatêgil | kawarnaa têtiyang Madura | kang bêdhah ing Dêmak mangke | nênggih punggawanipun | ingkang aran Ki Wangsènggati | ri sampunira

--- [342] 422 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 54 dari 58

bêdhah | nêgri Dêmak wau | wong Madura angrêrayah | kang rinayah aran bêdhug prangwadani | nanging kala samana ||

75. nagari Dêmak apan winaris | pan pinêcah-pêcah tinanêman | mantri wawalu kathahe | pan wus sami lumayu | mantrinipun ing Dêmak mangkin | nanging kala samana | wontên kang winuwus | Pangeran Pugêr Mataram | pan adarbe pamijèn ing Dêmak nênggih | aran Ki Martajaya ||

76. ing Têmpalong griyanipun nênggih | kacarita apan sugih sanak | têdhak gada mastakane | Ki Martajaya iku | sarêng wau miyarsa warti | yèn bêdhug prangmêdanya | rinayah ing mungsuh | Sampang ana ing Dêdêmak | sigra nuli amêpak santana aglis | sira Ki Martajaya ||

77. nulya lajêng wau mangsah jurit | wus apanggih lan mêngsah Madura | apan ta kêpanggih ijèn | Ki Martajaya wau | sigra aprang lan Wangsènggati | rame tumbak-tinumbak | asuduk-sinuduk | nèng alun-alun ing Dêmak | ramening prang apan kasaput ing wêngi | pisah dènnya ayuda ||

78. prapta wisma rêraosan angling | Martajaya lan para santana | ya ta ujare arine | kakang kula sung pemut | kadipundi solah puniki | dene andika pêrang | tan wontên kang ngutus | yèn mênang sintên ngalêma | lamun kalah sayêkti datanpa kardi | yèn wontên parentah |[45]|

79. pan suwawi dawêg nusul gusti | Jêng Pangeran Pugêr kang amurba | nuwun parentah pênêde | Ki Martajaya muwus | iya bênêr ujarirèki | nanging ta ingsun ora |

--- [343] 423 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 55 dari 58

adhi ing karêpku | payo nusul mring pangeran | ing Têtêgal iya pangeran dipati | lah payo nuli mangkat ||

80. ingkang rayi angling kadipundi | kakang dene pangeran dipatya | pan dede kang muktèkake | têka andika susul | dening Pangran Pugêr ing nguni | kang muktèkakên dika | Martajaya muwus | ora kalah payo uga | mring Tatêgal adhi lah turutên mami | payo ja kalayatan ||

81. payo adhi mangkat mring Tatêgil | sigra mangkat lawan arinira | Ki Martajaya lampahe | tan kawarna ing ênu | sigra dhatêng nagri Tatêgil | malêbêt pasanggrahan | wau kang winuwus | susunan dawêg rêmbagan | pan kasaru Ki Martajaya wus prapti | sang nata angandika ||

82. Martajaya hèh ta sira prapti | ingutus paran mring adhi êmas | ing Pugêr de têka kene | Martajaya umatur | mring susunan saha wotsari | anggèr dhatêng kawula | pan botên ingutus | dhumatêng rayi paduka | sayêktine sêdya kawula pribadi | angabdi ing sang nata ||

83. pêjah gêsang kawula ta gusti | konjuka dhumatêng sang nata |[46] sumăngga sakarsa angrèh | mila kang abdi wau | ngunjukakên kang pati urip | dening jasat kawula | gusti kamipurun | angêriyini ing yuda | lawan mêsah Sampang kasaput ing wêngi | dadya kesah kiwala ||

84. dadya mangke kawula tan miris | taksih purun ingabêna aprang | lawan wong Sampang jurite | nadyan kêpanggih besuk | dèrèng ulap tandhing kawanin | sang nata langkung suka | amiyarsa atur | wau

--- [344] 424 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 56 dari 58

ture Martajaya | angandika wau ta sri narapati | dhumatêng Martalaya ||

85. iya sun srahakên ing sirèki | Martajaya nagara ing Dêmak | lah sira mangkata age | larên jajahan ingsun | Martajaya sigra tur bêkti | amit agya umangkat | ing Dêmak dinunung | wau ta pan Tuwan Amral | Hèrduwèlbèh matur dhatêng sri bupati | gusti amit kawula ||

86. dhatêng ing Japan kawula gusti | dening ingkang jaga ing sampeyan | sawingking kawula anggèr | Kumpêni pitung puluh | rumêksaa ing karsa gusti | sang nata angandika | iya Si Tumênggung | Martalaya ing Mataram | lan Si Wija Amral milua sirèki | ngirida lakunira ||

87. Tuwan Amral wus mangkat sira glis | saking Tatêgal numpak baita | wus samakta dandanane | ambabar layar sampun | angin agêng wau dhatêngi | kêbak lampahing palwa | tan kawarnèng ênu | prapta muara Japara | Tuwan Amral layar wus kinèn anggili | ya ta alabuh jangkar ||

88. dening wau kang mêntas kariyin | Ki tumênggung Martalaya lawan | Ki Wija ika rowange | mila mêntas karuhun | andhawuhkên dikaning gusti | yèn lampahipun Amral | sakarsa sang prabu | Ki Tumênggung Martalaya | wus apanggih lan Ki Wăngsadipa mangkin | wus dhawuh kang timbalan ||

89. sakalangkung sukane kang galih | Wăngsadipa satêkane Amral | saksana umêntas age | Amral saking ing laut | Wăngsadipa sampun apanggih | kalawan Tuwan Amral | wus tata alungguh | Tuwan Amral [A...]

--- [345] 425 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 57 dari 58

[...mral] atêtanya | mring Ki Wăngsadipa lah mangke nèng ngêndi | mêsah dalêm kang prapta ||

90. Wăngsadipa anauri aris | inggih tuwan kariyin kang mêngsah | ing Jagadhayoh ênggone | nanging mangke wus mawur | kalahipun kula bêdhili | saking gunung punika | rencang kula wau | ambêdhili lan wong Prasman | myang wong Inggris kang dagang wontên ing ngriki | punika rencang kula ||

91. malah mangke punika pan maksih | tiyang Inggris lan Prasman punika | têksih atêngga ing kene | kagyat sajroning kalbu | Tuwan Amral mirsa wong Inggris | Prasman yèn dadya rowang | dados manahipun | Tuwan Amral yèn ngucapa | pan mangkana angur kelangana mami | uwang ora ngopaa ||

92. amung iki ja kongsi kaèksi | iya marang mring Raja Mataram | ya ta Tuwan Amral age | ngundang wong Inggris wau | lan wong Prasman prapta ing ngarsi | wus alinggih atata | Tuwan Amral muwus | wong Inggris lawan wong Prasman | hèh wong Inggris wong Prasman gawenirèki | wis padha sun tarima ||

93. wis katrima mring Raja Matawis | iya ing sapanggaweyanira | lah iki pêparingane | rong lêksa kathahipun | rupa reyal marang sirèki | anging sira muliha | karsane sang prabu | aja sira anèng Jawa | pan wong Inggris wong Prasman padha nauri | tuwan kula sêsambat ||

94. dene palwa kawula ing mangkin | lagi padha ngulihkên dagangan | Tuwan Amral gya wuwuse | ingong awèh parau | marang sira aja kuwatir [ku...]

--- [346] 426 ---

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578 (Pupuh 45–50): Citra 58 dari 58

[...watir] | sigra sinungan palwa | Anggris Prasman sampun | dhumatêng ing Tuwan Amral | wus tinampan anulya umangkat aglis | wong Anggris lan wong Prasman ||

95. nanging dèn êbur dhatêng Kumpêni | paraune kang sinungkên ika | sampun nêngah palayare | praptane têngah laut | ya ta kèrêm palwanirèki | wong Anggris lan wong Prasman | sampun sami lampus | tan ana gêsang satunggal | Anggris Prasman sigêgên datan winarni | kocapa sang abrăngta ||

 


Kurang satu suku kata: apan samya onclang watang. (kembali)
Kurang satu suku kata: awor suraking kang jalmi. (kembali)
Kurang satu suku kata: ki ngabèi kabranan angrawuhi. (kembali)
măngga. (kembali)
kathahên. (kembali)
Tanggal: trus mamuka pinrang janma (AJ 1599). Tahun AJ 1599 jatuh antara tanggal Masehi: 16 Maret 1676 sampai dengan 5 Maret 1677. (kembali)
Tanggal: naga singa [sanga] pranging jagad (AJ 1598). Tahun AJ 1598 jatuh antara tanggal Masehi: 28 Maret 1675 sampai dengan 15 Maret 1676. Tampaknya kata "singa" dalam sangkala ini salah. Bandingkan: BTJ van Dorp (Jilid 3 hlm. 147): naga sanga prang jagad (AJ 1598). (kembali)
gagêblugira. (kembali)
wong. (kembali)
10 mêtoni. (kembali)
11 pinrih. (kembali)
12 nglêlanangi. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: Pangran ing Balitar. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: prasami arêmbagan. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: têtiyang măncanagara. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: rinayahan rajakayane ênting. (kembali)
17 wingwrin. (kembali)
18 ingintêran. (kembali)
19 obongana. (kembali)
20 pra. (kembali)
21 gigal. (kembali)
22 winot. (kembali)
23 kadhaton. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: nanging ngajêng-ajêng datan ana prapta. (kembali)
25 Lebih satu suku kata: nusul mring sri bupati. (kembali)
26 Biasnya guru lagu i: wruhanirèki. (kembali)
27 yugya. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: dening ta wawêkas ingong. (kembali)
29 Pamalang. (kembali)
30 Kurang satu suku kata: polahira ing Sampang. (kembali)
31 daging. (kembali)
32 Kurang satu suku kata: dinèkèkan lodhayane. (kembali)
33 Lebih satu suku kata: wus têtêp karatonipun. (kembali)
34 Lebih satu suku kata: ingkang layak sun gawa benjing. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: arsa ingsun lêkasana. (kembali)
36 Lebih satu suku kata: andhawuhkên timbalan (kembali)
37 Kurang satu suku kata: Martalaya ya ta wruhanira. (kembali)
38 sumanggwèng. (kembali)
39 Lebih satu suku kata: Amêral Hèrduwèlbèh ngandikan. (kembali)
40 Kurang satu suku kata: wontên ing griyanipun punika. (kembali)
41 Kurang satu kata, dan biasanya guru lagu a: lah iya ingsung taria. (kembali)
42 Lebih satu suku kata: angandika sang prabu. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: tan ana pangidhêpane. (kembali)
44 Lebih satu suku kata: wong bumi lan Bumija. (kembali)
45 Kurang satu suku kata: yèn ta wontên parentah. (kembali)
46 Kurang satu suku kata: akonjuka dhumatêng sang nata. (kembali)