Babad Mantaram, Wôngsadilaga, c. 1920, #578 (Pupuh 51-55)


51. Asmarandana

1. wau ta ingkang winarni | kang anèng nagri Tatêgal | Jêng Susunan Mangkurate | siniba pra mantrinira | utusan sampun prapta | ingkang saking dhusun Kêdhu | kang aran Ki Sindurêja ||

2. ing Kêdhu sampun aradin | miwah pasisir nagara | sakilèn Sêmarang kabèh | pan sampun radin sadaya | Kaliwungu ing Kêndhal | Batang Pakalongan wau | Pamalang sampun arata ||

3. Barêbês datan winarni | iku purwane arata | kalawan wong Tatêgale | samana sri naranata | akarsa mring Japara | amêpak sakèh wadya gung | myang para mantri punggawa ||

4. ingkang datansah tinari | ya ta Patih Môndaraka | Sindurêja datan kaot | Ki Urawan jajarira | lawan Ki Wiradigda | pan ingkang sami tinantun | yèn mangke kangjêng susunan ||

5. karsa mring Japara mangkin | punggawa rêmbag sadaya | ri sampun nunggil rêmbage | sigra nulya asiyaga | sakapraboning yuda | samakta lan barisipun | sajawining pasanggrahan ||

6. aglar pindha tamansari | karsanira sri narendra | tan [ta...]

--- [347] [427] ---

[...n] arsa bêkta garwane | ampilan sampun agêlar | kang sami sinongsongan | pêpak kapraboning ratu | kang munggwing ngarsa sang nata ||

7. saksana bubar tumuli | Jêng Susunan Amangkurat | saking ing pasanggrahane | gumêrah swaraning wadya | awor pangriking kuda | anindhihi kang wadya gung | lampahira sri narendra ||

8. tan arsa mêdal jaladri | apan adharat kewala | kang wadya nglarug lampahe | datan kawarna ing marga | Pangangsalan sinêdya | kêbat lampahe wadya gung | samana pan sampun prapta ||

9. lampahira sri bupati | rêrêb anèng Pangangsalan | kala samana lampahe | Jêng Susunan Amangkurat | mêndhêt wong Pangangsalan | nênggih wontên pitung atus | karsane sri naranata ||

10. arsa miyos ing jaladri | tan arsa mêdal dharatan | anitih palwa karsane | marmane miyos samudra | dening rêmbêning marga | yèn têksih adharat wau | dadya kang para punggawa ||

11. miwah bupati pasisir | sadaya sampun samakta | samya nyaoskên palwane | anèng ing pasisir ika | swarane kadi gêrah | wadya lit dandan parau | andhèr anèng ing muara ||

12. palwa agêm wus cumawis | datan antara samana | babêktan wus mêtu kabèh | sami winrat ing baita | miwah para prawira | wus sami samêkta wau | sadandananing ayuda ||

13. wus nitih sadaya sami | wau tatiyang Walônda | sigra ambabar layare | sigêgên datan kocapa | lampahe sri narendra | kang layar wontên ing laut | gantya malih kang kocapa ||

14. duk kala sri narapati | taksih kadipatènira | anèng Mataram purane | adarbe kêkasihira | wasta Ki Martanaya | pan Ki Martanaya [Marta...]

--- [348] [428] ---

[...naya] iku | ketang abdi tumut lara ||

15. kala bêdhahing Matawis | Ki Martanaya punika | apisah lawan gustine | mila pisah sêdyanira | ngungsèkkên umurira | arêbat uripanipun | duk bêdhah nagri Mataram ||

16. angalèr lampahirèki | saking nagri ing Mataram | marang Samarang lakune | gèn ngungsèkkên uripira | kang aran Martanaya | kalanira prapta wau | tan darbe galih lyanira ||

17. sêdyane manahirèki | tulusa nganggur kewala | tan lyana amung gustine | kang tansah inganti-antya | timbule kang pawarta | gusti panjênênganipun | nanging kalane samana ||

18. Martanaya mirsa warti | yèn gustine nèng Tatêgal | salah wus umadêg katong | nuntên malih wontên warta | yèn mangke gustinira | wus layar anèng ing laut | akarsa ma JaparaKurang satu suku kata: akarsa marang Japara ||

19. Ki Martanaya sira glis | samana ing karsanira | sêsaosan sadarbene | ingkang awarna dhaharan | ing sakuwasanira | rèhning tiyang alit wau | apan ta sampun samêkta ||

20. Ki Martanaya anuli | mangkat dhatêng ing lautan | anyaosakên sêgahe | samana Ki Martanaya | minggah dhatêng ing palwa | ya ta apêpanggih sampun | ing gusti kanjêng susunan ||

21. kagyat sang nata ningali | ri sampuning atur sêgah | Ki Martanaya wotsinom | umatur dhatêng sang nata | dhuh gusti sowan ingwang | pun Martanaya pukulun | ngunjukakên pjah gêsangKurang satu suku kata: ngunjukakên pêjah gêsang ||

22. kenging tan kenginga gusti | kang abdi pun Martanaya | sêdya umiring sang katong | sanadyan pjah gêsangaKurang satu suku kata: sanadyan pêjah gêsanga | sampun têbih narendra | prasêtyanira maring sun | nanging sun tanya ing sira ||

--- [349] [429] ---

23. salawasmu anèng ngêndi | sapisahira maringwang | matura ing sayêktine | ngungsi urip ngêndi sira | Martanaya tur sêmbah | umatur dhatêng sang prabu | kawula wontên SumarangSamarang ||

24. sri bupati ngandika ris | iya uwis Martanaya | iya pan sarwa ngèstune | yakti sun tarima uga | nanging parentah ingwang | ing mêngko marang sirèku | iya têka lakonana ||

25. aja kuwatir ing ati | lah sira têka karia | ana ing Samarang bae | aja sira milu mringwang | lah têka tutugêna | lakunira dèn amujud | anèng bumi ing Samarang ||

26. andêdongaa Hyang Widi | iya dongakêna ingwang | ing sapolah lakuningong | mugi ingsun katêkana | sakajat lakuningwang | dening Hyang Suksma Kang Agung | lah iku wawêkas ingwang ||

27. sok ingsun kalakon ugi | ingsun mêngku nungswa Jawa | aywa sira watir manèh | yakti nagara Samarang | sun ganjarakên sira | Martanaya awotsantun | langkung mêsgul manahira ||

28. hèh Martanaya sirèki | lah uwis sira muliha | sira têtêpa ing mêngko | sira ana ing Samarang | pan aja gingsir sira | ing badatira Hyang Agung | iya ing sapungkur ingwang ||

29. Martanaya awotsari | sampun mudhun Martanaya | saking ing palwa kapale | saulihe Martanaya | susunan sigra layar | wus alajêng lampahipun | dhatêng nagri ing Japara ||

30. datan kawarna ing margi | lampahe sri naranata | wus prapta ing muarane | nênggih nagari Japara | susunan sigra têdhak [têdha...]

--- [350] [430] ---

[...k] | saking kapal sampun rawuh | nênggih nagari Japara ||

31. wus masanggrahan narpati | anèng nagari Japara | wau kang andhèrèkake | Ki Martanaya Tatêgal | sampun prapta Japara | sami masanggrahan sampun | sakèhing para dipatya ||

32. mangkana ingkang winarni | wau Kyai Wôngsadipa | kinèn anglar jajahane | saksana Ki Wôngsadipa | gya mangkat sabalanya | sapraptaning jawi wau | wong desa wus tinimbalan ||

33. sadaya wus nungkul sami | desa lyan saking Japara | tan wontên malanga ing rèh- | ira Kyai Wôngsadipa | sadaya wus arata | saparentahe wus anut | wong têngên kiwa Japara ||

34. malah dumugi ing Pathi | datan wontên amalanga | mring Ki Wôngsadipa rèhe | sami suyut ngalêmbana | malah naosi samya | sapratandhane anungkul | dhatêng Kyai Wôngsadipa ||

35. dadi mangke wus aradin | kiwa têngên ing Japara | malah praptèng santaneKurang satu suku kata: malah praptèng santanane | ri sampunira arata | têpis wiring jajahan | Ki Wôngsadipa gya wangsul | asowan dhatêng sang nata ||

36. wau ta ingkang winarni | Ki Martajaya ing Dêmak | pan sampun prapta lampahe | nênggih nagari Japara | wus sowan ing sang nata | atur uninga sang prabu | yèn ing Dêmak wus arata ||

37. pan eca galih narpati | datan sumêlang ing nala | dening rata jajahane | sadhatênge Wôngsadipa | ya ta sri

--- [351] [431] ---

naranata | wau ta ing karsanipun | animbali ingkang garwa ||

38. karsanira sri bupati | sakathahing para garwa | apan tinimbalan kabèh | dhatêng nagri ing Japara | sigra nulya umangkat | dutanira sang aprabu | kang dhatêng nagri Tatêgal ||

39. kawarnaa sri bupati | samana karsa sineba | enjing sang nata wus miyos | pinarak munggwing dhêdhampar | Kumpni sami sowanKurang satu suku kata: Kumpêni sami sowan | andhèr ing kursi alungguh | sami panggêdhe sadaya ||

40. miwah kang sami anangkil | sagung pra mantri satriya | kang para prajurit andhèr | ngabèi lawan rônggaKuang satu suku kata: angabèi lawan rôngga | kang munggwing ngarsa sang nataLebih satu suku kata: kang munggwing ngarsa nata | miwah kyana patih wau | kang anama Môndaraka ||

41. Arya Sindurêja nênggih | kalawan Dêmang Urawan | Ngabèi Wiradigdane | ya Ngabèi Jagapatya | tan kantun Wôngsadipa | Nirdakarti jajaripun | kalawan Ki Martajaya ||

42. Ki Wija jajare linggih | angandika sri narendra | mring Ki Môndaraka alon | alah iya Môndaraka | mêngko Si Wôngsadipa | sun kulawisudha iku | ingsun junjung lungguhira ||

43. sun junjung têka ing siti | sun sêngkakkên luhuring kang | sun alihakên namane | iya mêngko ajênênga | Dipati Martapura | duwea Japara iku | lan maninge ywa salaya ||

44. ing mêngko Si Jagapati | padha sun kulawisudha | karo barênga muktine | padha sun junjung lungguhnya | ingsun lihakên namanyaLebih satu suku kata: ingsun lihkên namanya | iya ajnênga ikuKurang satu suku kata: iya ajênênga iku | Dipati Sujanapura ||

--- [352] [432] ---

45. padha duwea ing mangkin | iya nagara Japara | kalawan iya maninge | pan iya Si Martajaya | sun jungjung lungguhira | têkèng ngandhap ingsun jungjung | ingsun sêngkakakên ngakasaLebih satu suku kata: sun sêngkakakên ngakasa ||

46. iya mêngko sun arani | Si Tumênggung Suranata | ing Dêmak iku duwene | lawan maninge Si Jiwa | ingsun kulawisudha | iya lungguhe sun jujungjunjung | sun sêngkakakên ngakasa ||

47. lawan arane sun êlih | iya sira ajênênga | Dipati Mangunonênge | duwea ing Pathi ika | lan maninge ta iya | nagri Garobogan iku | iya sun wèhakên ika ||

48. mêngko mring Si Nirdakarti | kalawan iku jênênga | iya Tumênggung Binarong | lan maning Si Martalaya | lah iya ajênênga | dipati ing karsaningsun | Adipati Martalaya ||

49. wus têlas jinungjung linggih | abdi ingkang tumut lara | wontên malih kang wiraos | kang aran Ki Ônggawôngsa | griyane Surabaya | duk sêmana kandhanipun | kesah saking Surabaya ||

50. wau ta tan mawi kanthi | numpal kèli lampahira | nêdya nusul mring kakange | wastanipun kakangira | nênggih Ki Ônggajaya | punika ingkang sinuhun | wontên nagri ing Têtêgal ||

51. apan ta sampun apanggih | wau ta lawan kang raka | kang nama Ônggawôngsane | anèng nagri ing Têtêgal | sêmana Ônggajaya | sadhatênge arinipun | ingaturakên saksana ||

52. dhumatêng sri narapati | sêmana gya tinimbalan | Ônggawôngsa mring sang katong | sêmana pan pinarikasa | Ônggawôngsa turira [turi...]

--- [353] [433] ---

[...ra] | dhumatêng ing sang aprabu | pukulun atur kawula ||

53. dhatêng paduka narpati | ing mangke pun Trunajaya | sampun miyarsa wartine | yèn lampah paduka nata | saking atasing warta | akanthi Kumpni agungKurang satu suku kata: akanthi Kumpêni agung | miwah kang bala Walônda ||

54. nanging sampun dèn saosi | ingkang mêthuk yudanira | bala Walônda sakèhe | anênggih pun Darmayuda | punika kang datansah | tinandhing-tandhing ing cucuh | lawan Galengsong punika ||

55. kang badhe mêthuk KumpniKurang satu suku kata: kang badhe mêthuk Kumpêni | kanthinipun Darmayuda | dene Galengsong ing mangke | ingambil mantu punika | dhatêng pun Trunajaya | inggih angsal anakipun | ingkang kêkasih punika ||

56. anak kang dipun wastani | Rahadèn Ayu Surêtna | punika angsal Galengsong | sri naranata ngandika | ya uwis Ônggajaya | liwat ing tarimaningsun | prasêtyanira maringwang ||

57. yèn kontung iku ing benjing | sok slamêta ing lampahnya | tinêkan sasêdyaningong | nagara ing Surabaya | sun srahkên mring siraKurang satu suku kata: sun srahakên mring sira | nanging mêngko ingsun jaluk | Ônggawôngsa lakunira ||

58. dening ta Si Amral iki | lakune iku ta sira | ing mêngko sira sun kongkon | dadia Kartawêdana | layak iku majua | sira ngajokhnê ikuKurang satu suku kata: sira ngajokêna iku | yên layak iku mundura ||

59. sira ngundurêna ugi | Ônggawôngsa awotsêkar | nuhun sandika ature | angandika dhatêng Amral | wau sri naranata | hèh Amral wruhanirèku | mêngko Si Kraèng Madhangkrang ||

60. ingsun pundhut sun kon nêlik | aturira Tuwan Amral | sumôngga karsa sang katong [ka...]

--- [354] [434] ---

[...tong] | angandika sri narendra | hèh Karaèng Madhangdhrang | iya sun kongkon sirèku | anêlika mêngko sira ||

61. marang nagara Kadhiri | anadene lakunira | sira muluta atine | marang Si Galengsong ika | aywa kèh kang minêngsah | ingsun kanthèni sirèku | Si Mirmagati milua ||

62. ingsun kanthèkakên mangkin | iya marang lakunira | marmane lakunya mangko | Si Mirmagati sun têdah | anganthia mring sira | Si Mirmagati puniku | bisa basa ing limalas ||

63. dene kanthi rasa lihKurang satu suku kata: dene kanthi rasa malih | Si Dipati Martapura | lawan Si Martalayane | lah iku pada milua | mring Si Kraèng Madhangdhrang | nêlik mring Kadhiri iku | kinèn sami atur sêmbah ||

64. sandika ature sami | samana sarêng umangkat | wus atur bêkti sang katong | wau Ki Kraèng Madhangdhrang | anêlik lakunira | priyayi tri kanthinipun | Martapura anèng wuntat ||

65. lan Ki Martapura sami | lumampah munggwing ing wuntat | pan ambêkta ing jambene | Ki Mirmagati samana | dahat anamur lampah | datan kawarna ing ênu | lampahe ingkang adhustha ||

66. sampun prapta ing Kadhiri | sira Ki Kraèng Madhangdhrang | ya ta ingularan age | tan adangu gya kapêdhak | Kraèng Galengsong ika | emut GasongGalengsong tan pandung | dhatêng ing sadhèrèk tuwa ||

67. saksana rinangkul aglis | Madhangdhrang tur tinangisan | Madhangdhrang èstu waspane | lingira Kraèng Madhangdhrang | dhatêng ing arinira | adhuh nyawa gustiningsun | lah aja sira karuna ||

68. iya wruhanira yayi | atêkaningsun kri uga | iya ingsun [ingsu...]

--- [355] [435] ---

[...n] sira ruroh | dene mengko iki ingwang | ngabdi Natèng Mataram | anadene lakuningsun | têka kene iku uga ||

69. dinuta Rajêng Matawis | kinèn ngupaya ing sira | iya yayi samangsane | katêmua yayi sira | pan sira tinimbalan | lah kayangapa sirèku | Galengsong aris aturnya ||

70. inggih kakang kadipundi | ênggèn kawula tumuta | ing lampah dika samangke | nanging ta kawula kakang | gadhah atuatur kiwala | mênggah salêbêting kalbu | kawula sampun sumêlang ||

71. ing sungkême manah mami | tan mèngèng dhatêng sang nata | ing Mataram sayaktine | amung mênggah kalairan | kenginga kula samar | kapirapêtaning wuwus | ingkang dhatêng Trunajaya ||

72. Madhangdhrang suka ing galih | mirsa ature rinira | kang anama Krèng Galengsong | Madhangdhrang aris angucap | dhatêng ing arinira | kang nama Galengsong wau | iya iku ariniwang ||

73. kang kinarsakkên narpati | iya Raja ing Mataram | apan ujar kang mangkono | Galengsong aris angucap | kakang ubangginingwang | benjing yèn dhatêng prang cucuh | sayakti benjing kawula ||

74. angamuk saking ing wingking | kalawan sarencang kula | dupi wau Ki Galengsong | amulat tiyang tatiga | apan sampun kaduga | Galengsong têtanya wau | lah kakang kula têtanya ||

75. puniku sintên kang nami | kang andhèrèkkên andika | Kraèng Madhangdhrang saure | dhumatêng ing arinira | lah yayi wruhanira | iku

--- [356] [436] ---

kang aduwe batur | iya ta Ki Mirmagatya ||

76. Galengsong angling jro ngati | dhuh iki tarêkaningwang | ing Mataram prajurite | abêcik-bêcik sun sawang | kaya tate ayuda | wong iki wêtaraningsun | iya kaya nora kalah ||

77. Sri Bupati ing Mêtawis | amungsuh Si Trunajaya | Kraèng Madhangdhrang dêlinge | lah poma wêwêkas ingwang | adhi dèn bêcik sira | lan maninge dèn satuhu | dèn sayêkti ing wêcana ||

78. anadene ingsun iki | adhi Galengsong mring sira | asangêt pracayaningong | poma aywa sira cidra | nanging sira ywa lena | pan uwis pamita ingsun | dèn yitna sapungkur ingwang ||

52. Pangkur

1. sêmana sampun pamitan | Krèng Madhangdhrang lawan Ki Mirmagati | Dipati Martapurèku | lan Kyai Martalaya | datan pisah wong têtiga pan akumpul | sakawan Kraèng Madhangdhrang | sarêng dhatêng ing bênawi ||

2. tiyang Maduntên uninga | wong Mêtaram lampahe anênêlik | mring Galengsong pondhokipun | mila ingadhang marga | sarêng mulat wong Sampang sigra angêpung | mring lampahira Madhangdhrang | bênawi pan nuju banjir ||

3. Kraèng Madhangdhrang tumulya | kêbatira nyandhak Ki Mirmagati | binêkta malumpat sampun | bênawi kalumpatan | bêngawan ing Kadhiri sumanta wau | sadaya wus kalumpatan | wus lajêng lampahe prapti ||

4. sapraptanirèng ngajêngan | Krèng Madhangdhrang matur sri narapati | gusti kawula [ka...]

--- [357] [437] ---

[...wula] pan sampun | nglampahi pangandika | angulari pun Galengsong pan kapangguh | nêlas timbalan kawula | dhatêng pun Galengsong gusti ||

5. pun Galengsong langkung suka | kadhawuhan timbalan sang narpati | malah agêng manahipun | amung ingkang tinêdha | sampun kirang ingkang pariksa sang prabu | yêkti lair Trunajaya | batine mèngèng narpati ||

6. sasampunira prasatya | pun Galengsong gusti gadhah ubanggi | ing benjang ubangginipun | samangsane ngayuda | pan angamuk sêdyanira ing prang pupuh | dhumatêng pun Trunajaya | sukèng tyas wau sang aji ||

7. wau ingkang kawarnaa | Martalaya ing sadhatênge anêlikLebih satu suku kata: Martalaya ing sadhatênge nêlik | tansah mikir ing jro kalbu | kang dadya manahira | sri narendra datan ngangge aturipun | winawrat lawan mêngsahnya | kaya datan dadi watir ||

8. mangkana ing ciptanira | yèn mêngkono bae wong Mandurèki | ênggone mungsuhing ratu | ingsun pan durung ulap | ya wuwuha wong Mandura wawratipun | aywa kanthia Walônda | ingsun kêlar anadhahi ||

9. dene têka sri narendra | nora karsa andhahar atur mami | beda apa karyaningsun | mapan kangjêng susunan | tan akarsa andhahar ing atur ingsun | iya uwis pedah apa | ingsun darma atut wuri ||

10. milane ki adipatya | datan purun sowan awade sakit | ya ta katur ing sang prabu | tekade Martalaya | kang mangkana dahat dukane sang prabu | sigra ngandika sang nata | mring Martapura sira glis ||

11. hèh Martapura dèn enggal | Martalaya [Martala...]

--- [358] [438] ---

[...ya] patènana samangkin | maranga pondhokanipun | lan sagêgamanira | aja kari bok Si Martalaya ngamuk | iku sira aja tiwas | kêlara anêmbadani ||

12. Si Wiradipa milua | iku ingkang jênêngana sirèki | Martapura awotsantun | aturira sandika | Wiradipa matur ngandika wotsantun | wong kêkalih sarêng mentar | saha gêgaman umiring ||

13. sapraptaning pamondhokan | Martapura Wiradipa tan kari | Martalaya sampun wêruh | wus mêndhêm barisira | udakawis kathahe wong kalih atus | sarta lan lêlurahira | wus sami angati-ati ||

14. sami ukiran kancana | manjajaran dening lêlurah sami | baris jroning pondhokanipun | praptaning Martapura | Martalaya pan sampun angliga dhuwung | wontên sangandhap kalasa | pun Kasur araning kêris ||

15. dening Kyai Martapura | Jaka Tuwa aranipun ing kêris | apan kapanggih alungguh | sira Ki Martalaya | Martapura dhawuhkên timbalan wau | alah anak Martalaya | ingsun ingutus sang aji ||

16. mundhut pjah gêsangiraKurang satu suku kata: mundhut pêjah gêsangira | Martapura sarywa anarik kêris | aran Jaka Tuwa wau | ature Martalaya | inggih dawêk Ki Martapura adangu | Ki Martalaya wus yitna | dhuwunge pun Kasur aglis ||

17. sampun ingagêm ing asta | Martapura tan antara anglirik | kêbat Martalaya nuduk | suduk-sinuduk sira | wong kêkalih apan sarêng pjahipunKurang satu suku kata: wong kêkalih apan sarêng pêjahipun | inggih Martalaya pjahKurang satu suku kata: inggih Martalaya pêjah | Ki Martapura ngêmasi ||

18. rêncange Ki

--- [359] [439] ---

Martalaya | ingkang aran wong barêng tandang nguni | apan ta sarêng angamuk | wong Jêpara prayitna | anadhahi wong Têgal pangamukipun | Ki Wiradipa kabranan | kamuk dening wong Têtêgil ||

19. sampun katur mring sang nata | lamun sira Ki Martapura mati | kalih Martalaya lampus | asampyuh pêjahira | Wiradipa wau ta anandhang tatu | langkung gêgêtun sang nata | mangkana ingkang winarni ||

20. wau sira Tuwan Amral | Hèrduwèlbèh kinèn mangkat tumuli | gènira arsa anglurug | dhatêng ing Surabaya | wus binagi-bagi wau kang wadya gung | wong Walônda kang binêkta | miwah kang kantun ing wingking ||

21. sapalih ingkang binêkta | wontên dene ingkang kantun sapalih | ajaga dhatêng sang prabu | miwah bala Mêkasar | pan pinalih sêmana ing pandumipun | kang sêpalih tumut Amral | sêpalih jagi narpati ||

22. dene wau kang tinilar | Kraèng Naba kang jagi ing narpati | Kraèng Madhangdhrang kang tumut | nglurug mring Tuwan Amral | dene ingkang dados pangiriding laku | Ki Tumênggung Martalaya | ingkang saking ing Mêtawis ||

23. kalawan Ki Ônggawôngsa | kanthinira sigra bubar tumuli | mêdal laut lampahipun | sami winot ing palwa | tan winarna lampahira sigra rawuh | muara ing Ngampèldênta | alabuh jangkar tumuli ||

24. sêmana Ki Ônggawôngsa | kang uninga jajahan Ngampèlgadhing | miwah ta sêdayanipun | jajahan Surabaya | datan samar Ônggawôngsa ing pakewuh | mila lampahing gêgaman [gê...]

--- [360] [440] ---

[...gaman] | tan lami anèng jêladri ||

25. sampun mudhun saking palwa | Tuwan Amral sabalanya KumpniKurang satu suku kata: Tuwan Amral sabalanya Kumpêni | miwah ing dharatan sampun | anuntên masanggrahan | Ngampèldênta kang damêl pakuwonipun | sampun mubêng bitingira | saha mawi baluwarti ||

26. kocapa mêngsah Madura | ing barise anèng ing Surabanggi | sarêng wruh Wêlônda rawuh | barising Ngampèldênta | wong Mandura sigra binantonan sampun | Darmayuda Pasêdhahan | kang binantokakên jurit ||

27. lan Kraèng Galengsong sigra | kang binantokakên mring Surabanggi | wus sami bêbiting wau | apan ajêng-ajêngan | lawan barising Kumpni mêngsahipunKurang satu suku kata: lawan barising Kumpêni mêngsahipun | wus sami rakit sadaya | mariyêm ngubêngi biting ||

28. mariyême wong Madura | kang ingangge apan Nyai Satomi | wus sami prayitnanipun | balanipun sêmana | Ônggawôngsa ing dalu apan mêmandung | mring bitinging wong Madura | Ni Sêtomi dèn pandungi ||

29. malêbêt ing pamondhokan | Ônggawôngsa datan wontên udani | sadaya samya aturu | sakèhing wong Madura | tan antara Nyai Sêtomi pinanggul | dhumatêng Ki Ônggawôngsa | apan dèn panggul pribadi ||

30. apan wus binêkta mêdal | saking pabitingan wau samangkin | ya ta lampahe lêstantun | sira Ki Ônggawôngsa | sigra dhatêng ing pamondhokanirèku | lajêng sowan Ônggawôngsa | dhatêng Amral tur udani ||

--- [361] [441] ---

31. mangkana ing aturira | inggih tuwan kula ngaturi uning | yèn lampah kawula wau | mariyêm wus kabêkta | Ni Satomi inggih wau wastanipun | langkung suka Tuwan Amral | nulya ngundhangi wadya lit ||

32. hèh sakèhing wong Walônda | Wong Mêkasar dèn padha ngati-ati | iyo mêngko bêdhug têlu | lah padha binêdhilan | ginarudug aja na mariyêm nganggur | iyo mungsuh iki uga | aja ana dèn êgopi ||

33. dupi dhumatêng sêmaya | wayah bêdhug têlu sarêng nyulêdi | sêtabêl mariyêmipun | swara lir gunung rêbah | sunapane muni datan kêna kantun | sapêkantuke sunapan | saha tambure tinitir ||

34. malah kongsi dhatêng awan | pan tinahan wau datan kuwawi | dening mimis kadi jawuh | tiba gon wong Madura | pan lumayu wau ta pan rêbut dhucung | sêdyane angungsi gêsang | datan etang agêng alit ||

35. wau ta Ki Darmayuda | pan lumayu Krèng Galengsong tan kari | nanging ta palayunipun | sira Ki Darmayuda | apan lajêng mring Kadhiri sêdyanipun | Krèng Galengsong pêlajêngnya | rangu-rangu wontên wingking ||

36. nanging kalane sêmana | Krèng Galengsong apan sira kapanggih | lan Pangran Tumapêl wau | ya ta pangran angucap | mring Galengsong mangka pangucapipunKurang satu suku kata: mring Galengsong mangkana pangucapipun | lah adhi Galengsong nêdha | ngawula tunggal lan mami ||

37. angabdi Rajèng Mêtaram | nanging Krèng Galengsong èwêt ing galih | mangkana ingkang winuwus | Susunan Amangkurat | nèng Jêpara kang para garwa wus rawuh | kang saking nagri Têtêgal | kawarnaa sri bupati ||

38. bubar saking ing Jêpara | sri narendra sumêdya [su...]

--- [362] [442] ---

[...mêdya] mring Kadhiri | mêdal dharat lampahipun | ing Pathi masanggrahan | mung sêdalu enjing budhal sang aprabu | samarga-marga ayuda | lan mêngsah Maduntên nguni ||

39. datan kandhêg lampahira | sri narendra wus prapta ing Kadhiri | sampun masanggrahan wau | saêlèring bangawan | pan ing Cikal wau wastane kang dhusun | kang kinarya pasanggrahan | dhumatêng sri narapati ||

40. kang dadya rêmbêning lampah | dene Patih Môndaraka asakit | wau sangêt sakitipun | kunêng gantya kocapa | kang anama Panêmbahan Gunungkêlud | arsa mangsah ing ayuda | ingiring puthut lan cantrik ||

41. apan ta wus kawan dasa | kathahipun pêputhut cantrik ngiring | miwah wong Maduntên wau | kathah ngiring ki ajar | datan kandhêg lampahira sami purun | sigra anabrang bêngawan | pêlabuhan wus kawingking ||

42. datan ambêkta gêgaman | sabature ki ajar ingkang prapti | ana mawi waos dhuwung | mung mara karo tangan | sarêng katingal wau ta sigra nêmpuh | mring barise Adipatya | Ngurawan ingkang nadhahi ||

43. miwah wau barisira | Adipati Mangunonêng ing Pathi | ika kang sami tinêmpuh | sêmana tinadhahan | pan arame sinosog tumbak lan ganjur | ki ajar pan sampun pêjah | sabature tan ngudhili ||

44. apan wus tumpês sadaya | sabature ajar tan ana kari | wong Madura sampun mawut | datan kari satunggal | ri sampuning mangkana ingkang winuwus | wau ta Ki Môndaraka | sakite saya nglayadi ||

45. saya sangêt [sa...]

--- [363] [443] ---

[...ngêt] sakitira | lajêng pêjah sêmana Ki Apatih | Môndaraka pêjahipun | wau Kanjêng Susunan | Amangkurat kalangkung prihatinipun | miwah têtiyang Mataram | sadaya sami prihatin ||

46. miwah balane sêdaya | wong Mataram kang anèng Surabanggi | sami tinimbalan sampun | kalawan Tuwan Amral | saha Pangeran Tumapêl datan kantun | miwah ta Ki Ônggawôngsa | sadaya pan sampun prapti ||

47. wus sami dhatêng ing Singkal | lajêng manjing ing pasanggrahan aglis | wus sami ngrêksa sang prabu | yèn nagri Surabaya | Tuwan Amral umatur dhatêng sang prabu | ing mangkya ing Surabaya | sadaya sampun aradin ||

48. Nyai Satomi kapêdhak | ing barisan wong Maduntên ing nguni | nuntên pinandungan dalu | dhatêng pun Ônggawôngsa | angandika wau sira sang aprabu | Ônggawôngsa sun tarima | sihira marang ing kami ||

49. sang nata malih ngandika | mring sakèhe punggawa para mantri | lah padhèstokna ikuKurang satu suku kata: lah padha èstokna iku | mêngko parentah ingwang | iya patine Si Môndaraka iku | dene Si Kraèng Kusuma | ingkang sun karya pêpatih ||

50. iku ta anggêntènana | ya Si Môndaraka barang karyèki | lan sakèhe mantriningsun | padha angèstokêna | atur sêmbah sakathahe punggawa gung | anuwun inggih sadaya | jumurung karsa sang aji ||

51. ya ta ngandika sang nata | lan maninge Si Ônggawôngsa mangkin | sun yêktèni [yêktè...]

--- [364] [444] ---

[...ni] ujar ingsun | ingsun srahi nagara | Surabaya iya tampanana iku | Ônggawôngsa atur sêmbah | sih paduka ji kapundhi ||

52. sasampunira sang nata | aparentah punggawa mantriKurang dua suku kata: aparentah punggawa para mantri | yèn Radèn Nrangkusumèku | pêpatihe sang nata | samya egarenggar (dan di tempat lain). manahe wadya lit agung | miwah kang para prawira | tan ana mundur sang aji ||

53. Durma

1. kawarnaa ing wau Ki Darmayuda | yitna matur ing gusti | ngaturi uninga | mring Radèn Trunajaya | yèn Kraèng Galengsong mangkin | mirong manahnya | tan wande makèwêdi ||

2. Trunajaya wau kagèt manahira | sakêdhap tan kêna ngling | myarsa aturira | wau Ki Darmayuda | yèn Kraèng Galengsong mangkin | wiro ing driya | radèn wekasan angling ||

3. angandika èsmu duka dhawahira | yèn mêngkono dèn aglis | sira timbalana | Si Galengsong dèn enggal | pan ingsun arsa udani | apa rupanya | dene angapirani ||

4. wus lumampah kang kinèn nimbali sigra | Kraèng Galengsong mangkin | kapêthuk ing marga | ngenggalakên lampahnya | tan antara sampun prapti | ing pamondhokan | lajêng lampahirèki ||

5. wus malêbêt wau sajroning pondhokan | sapraptane ing mangkin | anèng ngarsa radyan | wau cinêkêl sigra | Galengsong sampun ginodhi | radèn ngandika | lah sudukana aglis ||

6. tan antara wau sigra sinudukan | ya ta Galengsong mati | nèng jro pamondhokan | jisim sinumur [sinu...]

--- [365] [445] ---

[...mur] sigra | datan wontên kang udani | tiyang Mêkasar | kalamun gustinya matiLebih satu suku kata: lamun gustinya mati ||

7. kawarnaa ing wau Kangjêng Susunan | Mangkurat ngandika ris | dhatêng Tuwan Amral | hèh Amral alah mara | payo masah ing ajurit | aja alama | panganggure wong cilik ||

8. aturira Tuwan Amral mring susunan | gusti Rajèng Mêntawis | tan kenging anabrang | wadyabala sadaya | yèn tan sinasaka dhingin | lêhêng sinasak | yèn aparêng sang aji ||

9. angandika susunan lah iya Amral | iya sakarêpnèki | pan ingsun anyarah | lah mara wong Mêntaram | padha tumandanga aglis | lah sasakana | iya bêngawan iki ||

10. nulya sami tumandang wong ing Mêntaram | bêngawan dèn sasaki | tan adangu dadya | sasake langkung kêkah | sasampuning sasak dadi | wadya Mêntaram | nulya atata baris ||

11. kawarnaa wau Radèn Trunajaya | wus ingaturan uning | lamun kang bêngawan | ing mangke sinasakan | dene têtiyang Mêntawis | sira rahadyan | kagyat bramatyanèki ||

12. sigra ngrasuk rahadèn kaprajuritan | nyamping samboja abrit | sinongkèt toya mas | paningsêt cindhe sêkar | rasukan baludru wilis | apan rêrendan | dhêstharira cawêni ||

13. alancingan panji sindur rêrendanan | dhasar baludru wilis | sampuning busana | dhuwung sampun nyuriga | pan sarwi anyothe cundrik | wau rahadyan | karsane amiyosi ||

14. têngêrane wau kang badhe ayuda | bêndhe tinitir-titir | wadyabalanira [wadya...]

--- [366] [446] ---

[...balanira] | wus samêkta ing yuda | datan ana ingkang kari | sasikêpira | kang bêdhil sikêp bêdhil ||

15. ingkang tumbak apan ta asikêp tumbak | miwah kang tulup lêmbing | wus sami samêkta | aglar kang punang wadya | mêlatar jawining kori | ing pasanggrahan | ngantos prentahing gusti ||

16. sigra mêdal sira Radèn Trunajaya | saking dalêmirèki | dene para garwa | samya asêmu waspa | pan sami wangsul nèng kori | kang para garwa | prajurit anampani ||

17. kang rumêksa mring lampahipun rahadyan | kang munggèng kanan kèri | pan wong pêpilihan | kathahe wolung dasa | punika tan kênèng têbih | wong dulangmangap | ingangkah barêng mati ||

18. tate titir pinurugakên ing awrat | tan ajrih tumbak kêris | karane ingangkah | sêntana tunggil yayah | mring Radèn Trunajaya di | dyan kawarnaa | bala kang andhingini ||

19. sampun prapta atarap pinggir bêngawan | kang wingking anusuli | Radèn Trunajaya | wus munggèng ing wahana | anèng samadyaning baris | pinggir bêngawan | sêsumbar dènira ngling ||

20. wong Mêntaram alah sira têkakêna | ing sabudinirèki | gonmu karya sasak | balungmu wutuhana | nadyan ingsun wong Kadhiri | wulu salômba | pan nora nêdya gigrig ||

21. lan maninge gustimu môngsa padhaa | pan têdhak Jran Panolih | watêk Jêng Susunan | Amangkurat punika | ratu kadu [ka...]

--- [367] [447] ---

[...duk] ing kuwanin | dupi miyarsa | ature ingkang abdi ||

22. Trunajaya asangêt dènnya sêsumbar | angasorkên narpati | langkung dukanira | wau kanjêng susunan | sigra atêngara aglis | bêndhe angangkang | orêg kang wadya alit ||

23. jêng susunan sampun angrasuk busana | sakapraboning jurit | saha babêrkatan | wus rinasuk sadaya | Ki Bicak tan kêna têbih | waos bêrkatan | Ki Baru wus ingampil ||

24. wadyabala sami anggrêgut sadaya | ngantos wiyosing gusti | pan datan antara | miyos sri naranata | saking pasanggrahan aglis | mangsah ing rana | praptêng pinggir bênawi ||

25. pan wus yun-ayunan lawan wong Madura | wau tiyang Mêtawis | tandange lir singa | kalane wruh ing môngsa | pating bilulung ngulati | marga adhakan | kang kêna dèn sabrangi ||

26. nanging datan antuk marga lyaning sasak | wau tiyang Mêtawis | dadya tang-tinantang | lawan tiyang Madura | nanging dèrèng wontên wani | yèn anabranga | nganti prentahing gusti ||

27. dadya Radèn Trunajaya asêsumbar | asru dènira angling | wus bobote uga | iya têdhak Mataram | lan aran Jaran Panolih | mêngko pucuknya | yèn iya trahing jurit ||

28. dhingin duk bongkote pan ora ngapaa | sapamyarsanirèki | Jêng Sunan Mangkurat | wruh sumbar kang mêngkana | sumbare Trunajayèki | sigra

--- [368] [448] ---

sang nata | nyandhak Ki Bicak aglis ||

29. nulya tinabuh wau jêng kyai ngangkang | sampun Ki Bicak muni | saksana sang nata | ngasta waos masiyat | Kyai Baru wus tinarik | ing karsanira | sang nata angawaki ||

30. pra punggawa pan samya nangis sadaya | sang nata nyandhak aglis | titihan cinengklak | Tumênggung Suranata | sêmana matur narpati | sarwi karuna | dhuh gusti punang pati ||

31. abdi dalêm sadaya tur pêjah gêsang | kenging tan kenging gusti | sampun sri narendra | ngawaki ing ayuda | kalamun dèrèng nêmahi | tumpês sadaya | punggawa ing Mêtawis ||

32. dene sampun tumpês punggawa sêdaya | datan uningèng wingking | langkung karsa nata | kèndêl kangjêng susunan | myarsa ature kang abdi | sigra umangsah | sakèh para dipati ||

33. nuju pèrès sêmana ingkang bêngawan | sakèh para dipati | dhatêngkên suraknya | sarêng gêbyur sadaya | dhatêngnya mêdal bênawi | tiyang Walônda | ambêdhil saking wingking ||

34. agya wangsul Ki Tumênggung Suranata | Amral kang dèn parani | wau Tuwan Amral | cinandhak tanganira | Suranata bramatya ngling | hèh Amral sira | apa karêpirèki ||

35. dene ingsun aprang mêngko têka sira | bêdhili sêka wuri | aja tanggung sira | dadia mungsuh pisan | pan ingsun arêp nadhahi | saure Amral | lah tuwan sampun runtik ||

36. sakêlangkung kawula [ka...]

--- [369] [449] ---

[...wula] nêdha ngapura | nanging dahat asisip | ing solah kawula | dene sêdya kawula | mungsuh kang kula bêdhili | tiyang Madura | punika kang kabêdhil ||

37. sigra wangsul Ki Tumênggung Suranata | ambyur bênawi malih | sarêng tandangira | lawan para dipatya | sêdya angungkih ing jurit | sapraptanira | nèng pinggir dèn tadhahi ||

38. pan sinosok dening têtiyang Madura | ing ganjur lawan lêmbing | sarta binêdhilan | pra punggawa Mataram | pangamuke saya ngukih | wong ing Madura | tan anggop ambêdhili ||

39. ramening prang kadya ombak nêmpuh parang | swaraning bêdhil muni | lir guntur ing arga | mimis tiba lir udan | nanging Bupati Matawis | pangamukira | tan ana ingkang busik ||

40. apan kadya mimimimis tumiba ing jaja | parada wuwuh asri | punggawa Mataram | pangamuke lir yêksa | wong Madura datan gingsir | mêksa apanggah | dadya tan kêna kongkih ||

41. awasana tan wontên bisa anabrang | pra punggawa Matawis | dupi katingalan | dening kanjêng pangeran | sakèhe para dipati | tan kêna nabrang | sigra sri narapati ||

42. pra dipati Mataram datan antara | sarêng nêmpuh ing jurit | tan ana tinata | sarêng pangamukira | wong Madura anadhahi | swaraning aprang | tan ana ngucap ajrih ||

43. ramening prang bêdhil wus tanpa gawea | mung kari tumbak kêris | têmpuhing ayuda | rame silih ngayunan | tinumbak pan kasaliring | tiyang Madura | tinumbak [tinu...]

--- [370] [450] ---

[...mbak] tan apulih ||

44. wong Mataram yèn kasaliring tinumbak | nanging datan abusik | sangsaya sudira | tandange wong Mataram | putung watangnya agiris | suraking wong wadyaLebih satu suku kata: suraking wadya | kadi karêngèng langit ||

45. pan kasêlak rowange akathah pjahKurang satu suku kata: pan kasêlak rowange akathah pêjah | angrasa wêdi mati | wus miris manahnya | aningali ing rowang | wong Madura akèh mati | sigra lumajar | tan atolih ing wuri ||

46. wong Madura pan sampun kathah kang pêjah | panggah mêksa katitih | dene wong Mataram | pangamuke lir yêksa | anon daging nginggit-inggit | tiyang Madura | wus tan kawawa pulih ||

47. ingkang panggah wus têlas atêtumpêsan | bubar larut kang kari | Radèn Trunajaya | sigra wau lumajar | ngungsi kutha ing Kadhiri | manjing kadhatyan | linud de wong Matawis ||

48. kêbatira wau Radèn Trunajaya | nulya nêtêgi kori | lajêng tinuguran | dene kang tinanggênah | wau ingkang têngga kori | pun Darmayuda | ing Pasêdhahan wani ||

49. wong Mataram angungsêd arêbat lawang | rame ukih-ingukih | pan ora dêrana | Tumênggung Mangkuyuda | anglancangi sigra prapti | ngarsaning lawang | jinêjêg punang kori ||

50. pan wus rêmuk kang kori wau dhinupak | Mangkuyuda kaèksi | saksana tinumbak | dhatêng Ki Darmayuda | kêna jajane trus gigir | Ki Mangkuyuda | sigra malês nglarihi ||

51. Darmayuda kang winalês linarihan | tinumbak ingkang kêni | pan gurunge pêgat | ya ta sarêng

--- [371] [451] ---

aniba | kalih sarêng angêmasi | Ki Mangkuyuda | pêjah jawining kori ||

52. Darpayuda pêjah salêbêting lawang | gègère tan sinipi | salêbêting kutha | pêjahe Darmayuda | anglir gabah dèn intêri | kang rêbat marga | sêdyane ngungsi urip ||

53. Radèn Trunajaya wus lumajêng sigra | sadaya datan kari | mêdal bêbutulan | tan kandhêg lampahira | wadyanira ingkang ngiring | mung ingkang trêsna | sêdya mring gunung sari ||

54. duk sêmana apan sampun binabadan | bêdhahe ing Kadhiri | kala Trunajaya | babade rupa sirna | angrasani jalma adi | asalin têmbang | nama asmara kingkin ||

54. Asmarandana

1. samana ngandika aris | Jêng Susunan Amangkurat | dhatêng Amral Hèrduwèlbèh | Amral payo jarahana | sajrone ing nagara | apan uwis jangjiningsun | sira kang duwe jarahan ||

2. sigra samya jêjarahi | sakèhe bala Walônda | miwah Bugis sadayane | sami suka manahira | wontên sajroning kitha | apan jinarahan sampun | saking pasrahe susunan ||

3. ri sampuning jêjarahi | Jêng Susunan Amangkurat | anulya bubar sira ge | ngêsuk dhatêng Trunajaya | mring wukir sari agya | wontên dene ingkang dinuk | sira Radèn Trunajaya ||

4. wus nora sêdya ngawali | amung uripe kewala | wau ta dèn ungsèkake | gènnya anèng arga sêkar | pan [pa...]

--- [372] [452] ---

[...n] wus lumungsur sira | mring wukir Ngantang jinujug | jinujul mring jêng susunan ||

5. kèndêl nèng Payak narpati | gènnya jujul Trunajaya | rêrêb lampahe sang katong | apan sampun masanggrahan | miwah kang wadyabala | tata pamondhokan sampun | angêbêki ngara-ara ||

6. mila kèndêl sri bupati | ragi tan kengikenging lumampah | saking pakèwêd margine | wau ingkang kawarnaa | Pangeran Cakraningrat | ingkang dèn sakiti karuhunLebih satu suku kata: kang dèn sakiti karuhun | dhatêng Radèn Trunajaya ||

7. ingkang wontên Lodhayèki | sêmana gya tinimbalan | dhatêng jêng sunan sira ge | sapraptane ngarsa nata | pinasrahan Madura | angandika sang aprabu | dhatêng Pangran Cakraningrat ||

8. marmane sira timbali | Cakraningrat wruhanira | lah tampanana ing mêngko | nagaranira ing Sampang | ingsun pracayèng sira | môngsa bodhoa sirèku | dènira angrèh nagara ||

9. nanging ingsun patêdhani | sira mêngko panggaweyan | ya gawe kang luwih abot | prakara Si Trunajaya | sira angupayaa | têkane ing ngarsaningsun | sun têmpuhakên ing sira ||

10. umatur saha wot sari | ya Pangeran Cakraningrat | nuwun sandika ature | gusti abdi sri narendra | inggih pun Cakraningrat | sayêktos tan kenging lumuh | sanadyan dhatênga pjahKurang satu suku kata: sanadyan dhatênga pêjah ||

11. pan inggih darmi nglampahi | ing tiwas sagêd kawula | saking brêkat sih sang katong | nanging pangèstu sang nata | mugi-mugi angsala [ang...]

--- [373] [453] ---

[...sala] | inggih pangèstu sang prabu | kenginga pun Trunajaya ||

12. ri sampun têlas kang wêling | Jêng Susunan Amangkurat | mring Pangran Cakraningrate | eca galihe sang nata | dene ingkang punggawa | sadaya sami rahayu | miwah pasisir sadaya ||

13. wau ta ingkang tinuding | kang kinèn mring ardi Ngantang | datan kawarna lampahe | sira Pangran Cakraningrat | ambujuk Trunajaya | sêmana sampun lumaku | minggah dhatêng ardi Ngantang ||

14. wondene pan ingkang kari | sakarine ingkang pjahKurang satu suku kata: sakarine ingkang pêjah | tiyang Madura sakèhe | kalane duk têlukira | kinèn mangayunana | mring wong Madura kang têluk | nêngguh Radèn Mangunjaya ||

15. wontên dene kang kêkalih | Dyan Mangunjaya punika | saking SamênêpSumênêp angsale | mila têtiyang Madura | samya eca kang manah | ya ta wau kang winuwus | kang minggah mring ardi Ngantang ||

16. Pangran Cakraningrat nênggih | punika kang kenging kosan | mila susunan kèndêle | anèng ing Payak nagara | nanging datan winarna | solahira kang ingutus | panggihe lan Trunajaya ||

17. tan alami nuntên prapti | sira Pangran Cakraningrat | pan angsal karya lampahe | sêmana apan kabêkta | Rahadèn Trunajaya | mila gampil kengingipun | dhatêng Pangran Cakraningrat ||

18. pan kêni mêmanis angling | saking wignyane Pangeran | Cakraningrat pambujuke | dhasar sampun manggih papa | lan wus gigrig kang manah | binabana garwanipun | ingajak nungkul kewala ||

--- [374] [454] ---

19. pêpatah anèng ing ardi | mila ngajak asrah jiwa | kalawan pêjah gêsange | sumôngga ing karsa nata | nyarêngi ingkang paman | praptaning pambujukipun | ngakên kapracayèng nata ||

20. saha sandi ananggêni | dados Radèn Trunajaya | mila èstu panungkule | datan sumêlang ing nala | Rahadèn Trunajaya | sêmana sampun tumurun | nênggih saking ardi Ngantang ||

21. sagarwane datan kari | umiring dhatêng kang paman | miwah sarayate kabèh | datan wontên kang kantuna | sira Dyan Trunajaya | wus kerid ing lampahipun | mring Pangeran Cakraningrat ||

22. datan kawarna ing margi | lampahe Pangran Madura | kang bujuk kaponakane | duk pilampahe mèh prapta | ing pasanggrahan nata | agya rinakitan sampun | wus sami nandhang pusara ||

23. lawan êmbane satunggil | ingkang tumut tinangsulan | nanging kala panyêkêle | Pangeran ing Cakraningrat | dènnya ambujuk krama | mangkana panabdanipun | lan ki anak Trunajaya ||

24. sampun andika kuwatir | ing manah dèn apracaya | kula ingkang malang ing rèh | yèn wontên dukaning nata | sampun dika sumêlang | dadya lêstari anutut | sira Radèn Trunajaya ||

25. apan sampun dèn tangsuli | lawan êmbane satunggal | agêng aluhur dêdêge | saksana katur sang nata | pan sampun Trunajaya | sowan dhatêng mring sinuhun | nanging sampun pinusara ||

--- [375] [455] ---

26. kabêsta ing cindhe abrit | lênggana pun Trunajaya | punapa karsa sang katong | sri naranata ngandika | lah sira lajokêna | ingsun gya arsa têtêmu | apa rupane riningwang ||

27. nanging luwarana sami | pusara kang anèng ôngga | dinulu ala sirnane | wot sêtya nandhang pusara | lah mara gya lajua | saksana sampun lamaju | wus munggèng ngarsa sang nata ||

28. abukuh konjêm ing siti | wau dènira alênggah | Dyan Trunajaya mukane | jêng susunan angandika | hèh adhi Trunajaya | luwarana ujar ingsun | ubayaningsun mring sira ||

29. apan jangjiningsun dhingin | sok ingsun madêga nata | sakèhe karaton ingong | iya kang mungguh ing jaba | sun srahkên ing siraKurang satu suku kata: sun srahakên ing sira | kang ing jêro apan ingsun | alah sira tampanana ||

30. Trunajaya matur aris | saha sêmbah aturira | tinari ririh ature | jêng sinuhun nuwun duka | gusti pun Trunajaya | datan môntra kumapurun | tumadhah andika nata ||

31. suka pêjaha kang abdi | tinêtêg nèng ngarsa nata | saking jrih kawula anggèr | tampia andika nata | dene sih kang tumama | langkung kapundhi kasuhun | sadèrèng dhawuh sang nata ||

32. nanging abdi sri bupati | rumaos datan kuwawa | angrèh wadyabala katong | pan gusti pun Trunajaya | dahat durakèng nata | amung pêjah gêsang konjuk | jêng susunan andikaKurang satu suku kata: kangjêng susunan andika ||

--- [376] [456] ---

33. hèh Trunajaya sirèki | yagene têka mangkana | apan uwus karsaningong | sadurungira prasêtya | uwis ingsun tarima | sakèhe dêdukaningsun | uwus padha ngong tarima ||

34. lah aywa kèh salah kapti | têka sira tampanana | ing mêngko ta pasrah ingong | luwara prajangjiningwang | dhingin marang ing sira | rèh ingsun umadêg ratu | tan arus mardayèng ujar ||

35. amêksa tan purun tampi | wau Radèn Trunajaya | têksih sumêlang galihe | angrasa dèrèng kaduga | mring karsaning narendra | tansah ngartikèng jro kalbu | milane dangu tan tômpa ||

36. sang nata asêmu runtik | adangu tan ingaturan | tan kasêmbadan karsane | saksana Pangran Lamongan | wruh yèn sang nata duka | sigra sung peling gya muwus | marang Radèn Trunajaya ||

37. èsmu sêndhu dènira ngling | hèh ki anak Trunajaya | tan ana kaya mêngkono | ingkang kaya ujarira | satriya cidrèng ujar | lir traping wong tanpa usul | kadi kang wong tanpa jaman ||

38. apa tan èngêt sirèki | watak andikaning nata | yyan datan kêna pinopo | sanadyan silih sisipa | sayogya yèn tinuta | sarêng amiyarsa wuwus | sira Radèn Trunajaya ||

39. sêmana anglir pinêtik | sira Radèn Trunajaya | nuwun sandika ature | tampi pasrahe narendra | wus misuwur sadaya | kang wadyabala sang prabu |

--- [377] [457] ---

pêpatih Dyan Trunajaya ||

40. sêmana sri narapati | luwaran siniwèng wadya | wus kondur pasanggrahane | bala wus apamondhokan | miwah Dyan Trunajaya | pinaringan pondhok sampun | tan winarna solahira ||

41. mangkana apan wus lami | susunan kèndêl nèng Payak | tansah arêmbag wiraos | sadhatênge Trunajaya | sapunggawa Mêtaram | yèn dalu tansah rinêmbug | anglir pendah pêksi nila ||

55. Dhandhanggula

1. dyan kocapa sagung para mantri | wong Mêtaram wus rêmbag sadaya | punggawa para mantrine | tan ana ingkang ngrungu | apan nunggil samya ing kapti | sakèhe wong Mêtaram | wau kang dèn suwun | pêjahira Trunajaya | mring susunan ature kala ing wêngi | dènnya sami asowan ||

2. kala sêmana sri narapati | tan kuwawa lamun angampaha | wong Mêtaram saature | dhasaripun sang prabu | taksih wontên mungêr ing galih | dhatêng Dyan Trunajaya | kasusul ing atur | dadya mungkad dukanira | Trunajaya pan arsa dipun têlasi | ngantos enjing kewala ||

3. cinarita kalanirèng nguni | Trunajaya pan duk pinilara | anèng ing Payak lamine | kongsi sowan ping têlu | kacarita tingkahing jangji | kasêdhahan parentah | dadya patih agung | asowan kaping kalihnya | pan rahajêng

--- [378] [458] ---

wus datan mawi kuwatir | rumaos yèn raharja ||

4. duk sêmana kalane ing enjing | Trunajaya sowane ping tiga | sang nata nuju dukane | miyos ing tarub agung | siniwaka ing para mantri | miwah para punggawa | kang nama tumênggung | pinarak anèng dhêdhampar | wong Mêtaram wus pêpak munggèng ing ngarsi | pênuh ngêbêki papan ||

5. kyana patih ingkang munggèng ngarsi | lênggahira pan konjêm pratala | kalihan wadya sakèhe | pan wus jamaking ratu | kang pêpatih ngarsa pribadi | nanging ta wong Mêtaram | pêpêk alit agung | sadaya sampun samêkta | ingkang darbe dhuwung wasiyat winangking | ngantos dhawuh narendra ||

6. rêrêp wadyabala ingkang nangkil | ajrih mulat singêring narendra | angêmu duka prabane | datan antara dangu | gya ingawe ngarsa sang aji | sira Dyan Trunajaya | majêng awotsantun | sapraptanira ngajêngan | sri bupati ngandika pan èsmu manis | hèh adhi Trunajaya ||

7. wêwangkong ingsun busik jinawil | mring santana sanak ing Mêtaram | apa ta baya wadine | Trunajaya andhêku | mukanira konjêm ing siti | sarêng gya dhinawuhan | pangandika wau | sêmana kangjêng susunan | tan antara lawan dhawuhe ri kang ngling | narik Kyai Bêlabar ||

8. gya tumêdhak sigra anglarihi | jêng susunan dhatêng Trunajaya | kaprajaya sêsalange | kang kiwa tatunipun | gya rinêbut kang para mantri | Trunajaya sêmana | sinudukan sampun [sa...]

--- [379] [419] ---

[...mpun] | dening punggawa Mêtaram | sapêjahe gilang-gilang ingkang jisim | ngantos parentah nata ||

9. sigra ngandika sri narapati | alah uwis iku undurêna | Si Trunajaya jisime | lawan parentah ingsun | mring sakèhe wong ing Mêtawis | lah manawa kang ana | dhingin duwe kaul | padha sira lakonana | sasukane aja na taha mring mami | sigra wong ing Mêtaram ||

10. agya sami ngluwari punagi | ya ta jisime Ki Trunajaya | wus rinêbat mring wong akèh | ana wawêdhak marus | wênèh ana anguntal ati | ana anyepak sirah | myang anyuwut rambut | sêmana Dyan Trunajaya | pêjahira sarêng lan êmbanirèki | sami wontên ing Payak ||

11. kalih ilang angrasani wani | sêngkalanipun kala sêmana | duk Trunajaya pêjahe | mangkono kang winuwus | sabêdhahe nagri Kadhiri | pêjahe Trunajaya | wong brang wetan suyud | dhatêng Susunan Mangkurat | sakathahe môncanagara pasisir | tan wontên sumêlanga ||

12. kawarnaa sang sri narapati | karsa budhal dhatêng Surapringga | arsa ngujung dhatêng Ngampèl | pan ingundhangan sampun | wadyabala miwah KumpniKurang satu suku kata: wadyabala miwah Kumpêni | sami egar sadaya | tanapi wadya gung | dene wus lama nèng Payak | marmitanya wadyabala gya lumaris | samêktaning lumampah ||

13. miwah Amral Hèlduwèlbèh aglis | nèng wurine wadyanya [wadya...]

--- [380] [460] ---

[...nya] Mral Lônda | saha Bugis Mêkasare | sigra bubarnya esuk | saking Payak sri narapati | lir obah kang pratala | sumrêging lumaku | saha tambure lir gêrah | wong Walônda agamêng myang wadya jawi | ingkang lumakwèng ngarsa ||

14. sampun prapta nagri Surawèsthi | kang pamingking mêksih anèng Payak | saha ndhêndhêng ing lampahe | tan kawarna ing ênu | lampahira sri narapati | wus praptèng Surapringga | pasanggrahan sampun | enjing wau kawarnaa | sri narendra pan arsa ngujung tumuli | dhatêng ing Ngampèldênta ||

15. ri sampunnya sang sri narapati | ngujung sêtana ing Ngampèldênta | aywa masranggrahan manèh | pan kocapa ngêdhatun | sri narendra nèng Surabanggi | datan antara lama | sira sang sinuhun | sêmana wadya dinuta | dhatêng Giri kadhawahan nuwun idi | mring Panêmbahan Ngarga ||

16. dene ingkang dinuta narpati | kang anama sira Mangunjaya | wus praptèng Giri lampahe | lajêng manjing kadhatun | sigra cundhuk sang ayogiKurang satu suku kata: sigra cundhuk risang ayogi | aturipun mangkana | pan dinuta ulun | ing susunan kang apurba | apan ulun dinuta anuhun idi | mring jêng sang panêmbahan ||

17. rèh umadêg nata ing rat Jawi | jêng susunan pan angidinana | mring panêmbahan ta mangke | inggih panuwunipun | idinipun Sinuhun Giri | mugi tinulusêna | panjênênganipun [panjênêngani...]

--- [381] [461] ---

[...pun] | dènnya ngrèh ing nusa Jawa | sapunika panuwuning sri bupati | panêmbahan ngandika ||

18. alah iya iku sun idèni | Mangunjaya yèn têdhak Mêtaram | ugêr nyata kang aduwe | satuhu tusing ratu | nusa Jawa kang anduwèni | nyata têdhak Mêtaram | tan ana lyanipun | yogya ingsun ngidènana | lamun dudu têdhak Mêtaram tan apti | ingsun yèn ngidènana ||

19. Ki Mangunjaya umatur aris | panêmbahan ing atur kawula | sampun ta sampeyan age | angidèni saèstu | mila mambêng kawula ugi | raosing manah kula | ing saèstunipun | pan dede têdhak Mêtaram | kadya èstu punika anak Wêlandi | panêmbahan ngandika ||

20. yèn mangkono tuturira ugi | Mangunjaya yêkti sun tan arsa | angidènana jênênge | kalamun dudu iku | têdhaking Wong Agung Mêtawis | kaya pa gyan ngidenan | yêkti datan arus | lah uwis sira muliha | Mangunjaya sêmana sigra tur pamit | sampun mentar sing arga ||

21. tan kawarna lampahirèng margi | Mangunjaya saksana wus prapta | ing Surabaya sira ge | laju sira acundhuk | mungging ngarsanirèng narpati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | mangkana ing aturira | nuwun duka pun Mangunjaya Narpati | rèh mundhi pangandika ||

--- [382] [462] ---

22. inggih sampun kadhawuhkên uning | saandika nata dhatêng arga | mundhut idi ing wiyose | dhatêng Panêmbahan GunungLebih satu suku kata: têng Panêmbahan Gunung | yèn paduka anyuwun idi | ingkang ingidènana | panjênêngan prabu | nanging Panêmbahan Ngarga | datan arsa angidènana narpati | ing jênêng tuwan nata ||

23. nanging datan wruh kang dados wadi | panêmbahan gènipun tan arsa | ngidèni sang nata mangke | ing panjênêngan prabu | sapamirsanira narpati | ing atur kang mangkana | langkung dukanipun | Sri Naranata Mangkurat | lir sinêbit karna jajanya sru abrit | anglir mêdal dahana ||

24. pracihna yyan duka dhatêngiKurang satu suku kata: pracihna yyan duka adhatêngi | tingalnyandik gêragap ngandika | Kya Bicak sinambut age | sigra tinêmbang ngungkung | kagyat bala wadya gung alit | miwah para punggawa | kang samya gung-agung | wus asikêp ing ayuda | sri bupati saksana budhal tumuli | dènnyarsa ngrurah arga ||

25. sumrêg lampahing bala ngajrihi | miwah punggawa ing Mangkuratan | saha wadya Wêlandane | wong pasisir gumulung | miwah wadya môncanagari | datan kawarnèng marga | ing Giri kinêpung | sêmana ing Giripura | wus samêkta sagêgamaning wong santri | sêdyane sabilullah ||

26. ya ta wau wontên kang winarni | panêmbahan darbe kaponakan | nênggih putra wêwangine | warnanipun abagus | nama pangran yya Singasari | putranya panêmbahan | Panguluranipun [Panguluranipu...]

--- [383] [463] ---

[...n] | punika ingkang minôngka | prajurite lêlurahe para santri | miyarsa sabilullah ||

27. wadyabala Mêtaram ningali | mring wong Giri amapag ing yuda | wong Mêtaram suka tyase | sigra panêmpuhipun | aningali wong Giri kêdhik | sêmana sinawawa | wong Giri atangguh | tan ana sêdya gingsira | wêdi kari katindhihan dening gusti | Pangeran Singasêkar ||

28. apan kadi banthèng nandhang kanin | pangamuke wong Giri sêmana | wong Kasunanan kalonge | bubar sisaning lampus | pêlayune angungsi urip | sabubaring wong Jawa | wong Wlônda tinêmpuh | pinagut lan sênjatanya | bêdhil muni kapyarsa lir guntur ardi | wong Giri kathah pjahKurang satu suku kata: wong Giri kathah pêjah ||

29. sakarine pan angungsi gusti | pan sêmana Pangran Singasêkar | apanggah tulung balane | wruh wadyanya kyèh lampus | panêmpuhe tan nyipta urip | dèn drèl datan kuwawa | ing mimis malurut | tandange lir singa lodra | pan kalintang têguh Pangran Singasari | wong Walônda kèh pjahKurang satu suku kata: wong Walônda kèh pêjah ||

30. sapêjahe alpèrèsnya nguni | wong Walônda buyar asasaran | samya ngungsèkkên uripe | ngungsi kangjêng sinuhun | wadyabalanira narpati | sêmana kwèh lumayu | sakarine lampus | têrkane môngsa mênanga | ingkang mangsah

--- [384] [464] ---

wau Pangran Singasari | têguhipun kalintang ||

31. dene wau têguhing ajurit | ingkang munggèng ngarsaning narendra | kari panêmbahan bae | ingkang minôngka pamuk | ran priyayi nonoman sami | sêmana tinêrajang | mring Dyan Singasantun | tanggon aprang pan prakoswa | wong nonoman wau Pangran Singasari | sinosog ganjur watang ||

32. malah mumbul tan tumamèng wêsi | wau sira Pangran Singasêkar | datan busik sarirane | tibèng siti pan ngamuk | kalih dhuwung anggêgirisi | tandang lir singa galak | ing pangamukipun | angamuk karo curiga | dene ingkang katon Pangran Singasari | samya sêdya sudira ||

33. samya ngantêp kuwanènirèki | ran priyayi nonoman prasamya | tan nêdya gumingsir kabèh | umerang yèn lumayu | Dyan Pangeran ing Singasari | pangamuke lir yêksa | môngsa wangkenipun | atêmah tumpês sadaya | wong nonoman sadaya samya ngêmasi | datan lumajêng gêsang ||