Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847 (Pupuh 01–03)

Judul
Sambungan
1. Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847 (Pupuh 01–03). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847 (Pupuh 04–06). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 26-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Babad Kartasura[1]

--- 1 ---

1. Asmaradana

1. ya ta kawarnaa malih | Ki Tumênggung Jayaningrat | ingkang baris Ngungarane | sampun amiyarsa warta | yèn wadya Kartasura | kang baris Dêmak kaburu | wiwah kang barisan Têgal ||

2. myang kang baris Lèpèntangi | kawarti sampun lumajar | marmane alit manahe | Ki Tumênggung Jayaningrat | sigra wau utusan | dhatêng ing Sêmarang gupuh | arine ingkang dinuta ||

3. pun Parudita namèki | sampun binêktanan surat | lumaksana ing lampahe | wus praptèng nagri Sêmarang | sowan ing Panêmbahan | Mandura tur surat gupuh | nuwala glis tinupiksa ||

4. kadhadha ungêling tulis | panêmbahan sigra sowan | dhatêng pasanggrahan age | tumundhuk ngarsèng narendra | matur ing naradipa | adhuh gusti sang sinuhun | kawula atur uninga ||

5. yèn abdi dalêm narpati | pun Tumêgung[2] Jayaningrat | kang baris nèng Ngungarane | kintun sêrat mring kawula | dene ingkang dinuta [dinu...]

--- 2 ---

[...ta] | pan kapêrnah arinipun | awasta Pusparudita ||

6. inggih ungêle kang tulis | apan ta pun Jayaningrat | ngaturkên pêjah gêsange | katura dhatêng panduka | pan sêdya sumawita | nanging ta kang dipun suwun | padhusunan ing Bahrawa ||

7. prakawis padhanging margi | sampun kuwatos sang nata | pun Jayaningrat warnine | apan ta têtiyang sabrang | akathah kang binêkta | angandika sang aprabu | sokur lamun mêngkonoa ||

8. kalangkung trustha kang galih | arum wijiling wacana | sun tarima panungkule | Si Tumênggung Jayaningrat | nanging desa Bahrawa | iku ewuh atiningsun | uwis sun karya ganjaran ||

9. marang ki besan Samawis | ya ta wau Ki Dipatya | Suradimênggala ture | lêhêng gusti pinaringna | inggih dhusun Bahrawa | rinojong saaturipun | pun Tumênggung Jayaningrat ||

10. pamrih kawula narpati | tulusa dadosa rowang | sang nata lêga galihe | malih ngandika sang nata | yayi mas ing Mandura | caraka tundhungên [tundhungê...]

--- 3 ---

[...n] mantuk | sadina mêngko mangkata ||

11. mring kadange konên warti | ya marang Si Jayaningrat | ingsun rojongi karêpe | panêmbahan matur nêmbah | duta tinundhung mêsat | tan winarna lampahipun | agantya kang winursita ||

12. warnanên sri narapati | jêng sunan ing Kartasura | lagya sineba wadyandhèr | sakarine kang punggawa | pêpak samya sewaka | wong gêdhong kaparak pênuh | myang Apatih Sumabrata ||

13. angandika sri bupati | hèh Apatih Sumabrata | ing mêngko paran wartane | kang padha lunga apêrang | apa asor unggula | Patih Sumabrata matur | pukulun atur kawula ||

14. abdi paduka nêrpati | kang samya andon ayuda | dèrèng campuh kala mangke | taksih samya jêng-ajêngan | kalih mêngsah Mandura | lawan mêngsah Surèngkewuh | sang nata alon ngandika ||

15. alawas têmên sun anti | patih kirimana layang | konên banjur ngrurah kabèh | marang nagara Sêmarang | man Pugêr dicêkêla |

--- 4 ---

ki apatih awotsantun | sang nata eca ngandika ||

16. kasaru duta kang prapti | sangking Ki Mandurarêja | kasarêngan utusane | Pangeran Arya Balitar | kêlawan kang utusan | Pangeran Surabayèku | duta katri sarêng prapta ||

17. katingalan duta prapti | tinimbalan marang ngarsa | narendra têtanya age | hèh sira kinongkon apa | marang lêlurahira | caraka sarêng umatur | pukulun amba dinuta ||

18. anuwun bantu narpati | ing mangke kasoran yuda | abdi panduka wiyose | pun Arya Mandurarêja | ing Dêmak sampun bêdhah | langkung ramene kang pupuh | para mantri kathah pêjah ||

19. duta kang sangking Tatêgil | ature datan prabeda | miwah ta wau dutane | Ki Tumênggung Mangkuyuda | samya matur ing nata | abdi dalêm nuwun bantu | wagugên ing tyas sang nata ||

20. kabubuh wong gandhèk prapti | ingkang saking ing Bungaran |[3] nguni dadya jêjênênge | Ki Tumênggung Jayaningrat | aran Mas Pangalasan [Panga...]

--- 5 ---

[...lasan] | abdinira sang aprabu | panakawan alit mila ||

21. tanpa larapan duk prapti | makidhupuh ngarsa nata | Mas Pangalasan ature | kawula atur uninga | dhatêng panduka nata | yèn mangke abdi sang prabu | Jayaningrat malik tingal ||

22. tundhuk dhumatêng Sêmawis | miwah wadya urut marga | pan sami binaktan kabèh | nungkul dhatêng ing Sêmarang | ing mangke Jêng Pangeran | Pugêr sampun madêg ratu | wontên nagari Sêmarang ||

23. jêjulukira narpati | Susunan Pakubuwana | Senapati Ngalagane | Ngapdulrahman Sayidina | Panata ing Agama | dene mangke wartinipun | arsa budhal saha bala ||

24. sangking nagari Samawis | dhatêng nagri Kartasura | sampun rêmbag punggawane | Kumpêni Bugis Makasar | anjog ing Salahtiga | dene kang wadya panganjur | Mandura lan Surabaya ||

25. ya ta anglês sri bupati | miyarsa aturing wadya | sinamur asru wuwuse | hèh

--- 6 ---

Apatih Sumabrata | age sira dandana | sira lungaa anglurug | barisan ing Salahtiga ||

26. pêpêtana ingkang margi | miwah sakèhing bupatya | kang padha kalah pêrange | padha sira kongkonana | ngumpula Salahtiga | ki apatih awotsantun | sigra jêngkar sri narendra ||

27. Patih Sumabrata aglis | sigra anêmbang têngara | gong bèri umyang syarane | orêg wadya Kartasura | bupati saha bala | jawi datan wontên kantun | andhèrèk rêkyana patya ||

28. dene kang têngga ing wuri | rumêksa sri naranata | wadya gêdhong kêparake | Ki Sumabrata glis budhal | marang ing Salahtiga | syaraning wadya gumuruh | kadya umbaking samodra ||

29. datan kawarna ing margi | wus prapta ing Salahtiga | apatih utusan age | nimbali Mandurarêja | lan Pangeran Balitar | Pangeran Surabayèku | sampun sami tinimbalan ||

30. têtiga pan sarêng prapti | ngumpul dhatêng Salahtiga [Sa...]

--- 7 ---

[...lahtiga] | sangsaya agêng barise | punggawa ing Kartasura | Pangran Arya Mantaram | baris anèng Bayawangsul | anindhihi pra sêntana ||

31. nêngêna kang nata baris | wadyabala Kartasura | ya ta gênti winiraos | Jêng Sunan Pakubuwana | kang jumênêng Samarang | enjang sineba sang prabu | pêpak ingkang wadyabala ||

32. sagung bupati pasisir | andhèr anèng ing ngayunan | Panêmbahan Mandurane | lan Jangrana Surabaya | lan Dipati Sêmarang | katri punggawa nèng ngayun | acaos karsaning nata ||

33. Pênêmbahan Mandurèki | matur ing sri narapatya | atur uninga wiyose | pun Tumênggung Tirtanata | inggih mangke pralena | pun Tukup dhatêng pun Wabru | bêkta bala Kartasura ||

34. dene pun Wabru Dipati | putrane Rănggalêlana | taksih sumiwèng ing mangke | dhatêng Nata Kartasura | nguni pun Tirtanata | pan kawula utus mantuk | jagani nagri Santênan ||

35. pun Rănggalêlana nguni | ingkang caos mring Samarang | sang nata runtik muwuse | hèh adhimas [a...]

--- 8 ---

[...dhimas] ing Mandura | pan Si Rănggalêlana | pan ing mêngko kêna ngukum | age sira sudukana ||

36. panêmbahan atur bêkti | wus angatag wong Mandura | Ki Răngga cinêkêl age | apan sampun sinudukan | Ki Răngga wus palastra | murdane pinanjêr sampun | nèng alun-alun Samarang ||

37. sang nata maksih tinangkil | sigra Tuwan Amral prapta | ingkang saking Batawine | katur dhatêng sri narendra | amral wus tinimbalan | sapraptanira ing ngayun | sampun sami têtabean ||

38. Tuwan Amral matur aris | sang nata amba dinuta | Tuwan Jendral Batawine | kinèn bantu mring panduka | lamun têmpuh ing yuda | wong Kumpêni gangsal atus | inggih kang kawula bêta ||

39. lan aturipun pun kaki | jèndral kang dhatêng panduka | pun Kênol inginggahake | dadya komasaris bêsar | lan nagari Samarang | dipun tanêmi kumêndur | yèn wontên lilah panduka ||

40. dene Japara kang laji |[4] inggih Petor kang ajaga | nanging têksiha lojine | lan [la...]

--- 9 ---

[...n] pun dipati Samarang | kenginga sampun sowan | yèn tan sarêng lan kumêndur | dhumatêng ing Kartasura ||

41. lawan aturipun malih | tulusa gèn saudara | lawan sang nata ing têmbe | sintên ingkang ngawonana | sampun manggih raharja | ya ta samana sang prabu | angrojongi aturira ||

42. sapêncorong ingkang sasi | sagêbyare kang raditya | sapa ngalanana têmbe | aja na nêmu raharja | wong Jawa lan Walănda | saudara sabiyantu | lulusa tan kêna owah ||

43. anuju ing dina Kêmis | nata dènnya prajanjeyan | ping songanglikur[5] tanggale | Jumadilakir kang wulan | taunira Jemawal | Tuwan Amral nurat sampun | akarya buk prajanjiyan ||

44. sigra kang têngara muni | sanjata lir gunung rêbah | nata alon timbalane | adhi êmas ing Mandura | sakèhing pra bupatya | padha undhangana gupuh | pradandanan ing ayuda ||

45. sakèh bupati pasisir | padha sira timbalana | panêmbahan tur sêmbahe | pukulun abdi panduka | sampun pêpak sadaya |

--- 10 ---

miwah sadêdamêlipun | sampun sumaos ngayuda ||

46. kang ngandika sri bupati | yèn wis samêkta ngayuda | padha undhangana kabèh | ing dina Soma saosa | iya dipun samêkta | pan ingsun arsa anglurug | mring nagara Kartasura ||

47. panêmbahan matur aris | lan Dipati Surabaya | anuhun dukane katong | lamun marêngi ing karsa | lawan panduka nata | sampun tumindak anglurug | panduka eca kasukan ||

48. wontên nagari Samawis | dene kang nanggulang yuda | angrurah Kartasurane | sampun wontên ing kawula | lan pun kakang Jangrana | sampun sumêlang ing kalbu | bêdhahe ing Kartasura ||

49. tan lêga raosing galih | yèn dèrènga tamèng jaja | lan natèng Kartasurane | arsa lantarana asta | atakêra ludira | dahat purun gênti lawung | saking sakite kang manah ||

50. yèn kawula lanang jurit | angsal barkating narendra | yèn sampun bêdhah sang katong | nagari ing Kartasura | nun wangsul patikbra |[6]

--- 11 ---

dhatêng Samawis pukulun | amondhongi mring panduka ||

51. sa[7] nata ngandika aris | yayi êmas sun tarima | sakathahe pasihane | miwah yayi Surabaya | anging mati uripa | apan ingsun arsa wêruh | iya alang ujurira ||

52. punggawa kalih wotsari | kalangkung dènnya mangrêpa | konjêm pratala mukane | ciptanira ing wardaya | tan kenging wangsulana | saking sihe sang aprabu | kalihe angêmu waspa ||

53. sigra jêngkar sri bupati | kundur dhatêng pasanggrahan | kang aseba bubar kabèh | ti[8] winarna solahira | ya ta ing dina Soma | pêpakan wadya supênuh | kadya umbaking samodra ||

54. miwah sagunging dipati | pasisir măncanagara | warna-warna gêgamane | wong Sampang lan Surabaya | busananira abra | pating prangangah dinulu | kadya macan binasahan ||

55. miwah kang bala Kumpêni | gêgaman sampun samêkta | Walănda tata barise | Bugis Bali lan Makasar | kang nambungi ing wuntat | Tuwan Amral munggèng ngayun |

--- 12 ---

tan amor galang-galangan ||

56. sigra budhal sri bupati | saking nagari Samarang | sinêngkalan duk budhale | gapura kalih winayang | janma sangkala ngetang |[9] gêgaman asri dinulu | lir pindah sêkar sêtaman ||

57. sumrêg kang bala lumaris | budhale saking Samarang | asri tinon gêgamane | akèh warnaningkang bala | wong sabrang lan wong Jawa | kang bala umrang gumuruh | sajuru-juru atata ||

58. tuhu yèn ratu linuwih | têdhak anyakra kusuma | putra Nayagănda mangke | jumênêng satitahing hyang | ingkang tilar nagara | alêlana andon pupuh | nglurugi ing Kartasura ||

59. bisikanira narpati | Susunan Pakubuwana | prawignya pêkik warnine | kèdhêp sakèhe kang bala | mangkana tan winarna | titih kuda ulês gêpung | binusanan abra muncar ||

60. atata lampahing baris | kang dadya pangawat kanan | Dipati Surabayane | panêmbahan ing Mandura | dadya pangawat kiwa | kang minăngka dhadhanipun | sagung Kumpêni sadaya [sa...]

--- 13 ---

[...daya] ||

61. dene kang munggèng ing wuri | bala pasisir malatar | anggarêbêg ing sang katong | punggawa ing Kartasura | myang Patih Cakrajaya | sami lumampah ing pungkur | rumêk ing para garwa |[10]|

62. datan kawarna ing margi | samprapta ing Ngungaran |[11] amasanggrah sang katong |[12] sagung kang para punggawa | akarya pamondhokan | dene kang dadya panganjur | ing Lopait sampun prapta ||

63. kawarnaa komasaris | mojar dhatêng Tuwan Amral | dawêg sowan ing sang katong | yèn sêpi para punggawa | pukul satêngah lima | dawêg sami anênuwun | marang gusti sri narendra ||

64. yèn wontên Ki Adipati | Sêmarang măngsa antuka | Tuwan Amral lon wuwuse | iya bênêr ujarira | lah payo padha seba | saksana sarêng lumêbu | komasaris lawan amral ||

65. punggawa pinanggih sêpi | miwah Dipati Samarang | nèng pondhoke dhewe-dhewe | sang nata kapanggih lênggah | anulya Tuwan Amral |

--- 14 ---

tumamèng ngarsa sang prabu | mêndhak sarwi têtabean ||

66. Tuwan Amral matur aris | pukulun sri naranata | inggih kawula ing mangke | anglampahi karsa nata | parentahipu[13] jendral | nadyan dhatênga ing lampus | nglampahi karya panduka ||

67. lêbura saingga siti | wadya Kumpêni sadaya | tan atilar sang akatong | nanging panuwun kawula | wontêna sih panduka | dhatêng Kumpêni pukulun | sintên kang dèn arsa-arsa ||

68. wontên nagri tanah Jawi | anjawi kucah panduka | panuwun kula ing mangke | yèn lêga galih narendra | nuwun uwos kewala | sèwu koyan cacahipun | inggih sabên-sabên warsa ||

69. dadosa têdha Kumpêni | kang jagi paduka nata | sangêt pangajêng-ajênge | wadya kumpêni sadaya | ing sih panduka nata | ya ta samana sang prabu | tan mojar manthuk kewala ||

70. amral sigra anênulis | ngaturi sêrat pratăndha | yèn sampun saguh sang katong | ature [atur...]

--- 15 ---

[...e] wus katarima | nulya urmat sanjata | syaranya lir gunung rubuh | ping pitu ambal-ambalan ||

71. kagyat kang para bupati | mirsa syaraning sanjata | anarka yèn ana gawe | sigra-sigra nulya sowan | marang ing pasanggrahan | amral sampun pamit mantuk | marang ing pondhokanira ||

72. sagung kang para bupati | wus prapta ngarsa sang nata | narendra lon timbalane | dhatêng Dipati Samarang | hèh Ki Besan Si Amral | mau aseba maringsun | lan Si Kênol hak laladan ||

73. tinutur ature ugi | gagêtun sang adipatya | Suradimênggala ture | mila wau jêng panduka | animbali kawula | wontêna amba pukulun | supados lamun dhatênga ||

74. anuhun duka narpati | gusti kumpêni punika | sakêlangkung nêracake | dèn rinojong aturira | apan sangsaya-saya | angêlanjak aturipun | sri narendra angandika ||

75. sarya angungun narpati | sapuluh-puluh kisan |[14] apa kang cinatur manèh | dene ujar wus kalakyan |

--- 16 ---

besuk maning Ki Besan | dèn ati-ati ing kalbu | sang nata wus masanggrahan ||

76. agantya ingkang winarni | Ki Apatih Sumabrata | pan sampun kandêl ing akèh | wus jêro lêlarenira | gêgaman amalatar | ing Kalicacing gènipun | kang baris mêpêti marga ||

77. sanjata sampun rinakit | Ki Apatih Sumabrata | sampun miyarsa wartine | yèn sang nata sampun budhal | saking nagri Samarang | balanira kadya têdhuh | masanggrahan ing Ngungaran ||

78. pra punggawa dèn undhangi | prasamya kinèn saningga | sampun tinata barise | Ki Arya Mandurarêja | matur mring Sumabrata | dhawêg miyosi prang pupuh | mêdal saking pabitingan ||

79. ki apatih anauri | pan kawula botên rêmbag | mêdal sangking bitingane | nêdya amêmpên kewala | sajroning pabitingan | nanging kang dadya panganjur | ing yuda kang miyosana ||

80. lamun katèmpêr ing jurit | ngungsia ing pabitingan | lan sanak manira kabèh | dèn sami angantêg yuda | utamane [utama...]

--- 17 ---

[...ne] wong priya | pêjah madyaning prang pupuh | munggah ing syarga kang mulya ||

81. myang sagung para dipati | aja na tinggal galanggang | miwah para mantri kabeh | sampun wontên kang ngucira | anèng madyaning rana | pra punggawa saur manuk | tan sêdya mungkur ing yuda ||

2. Pangkur

1. Kyana Patih Sumabrata | wus mupakat yèn ngantêp ing ngajurit | sanjata tinata gupuh | nèng balowartinira | Arya Banyakwidhe wau kang tinuduh | kang dadya panganjur yuda | lan Pangran Balitar nênggih ||

2. lan Pangeran Surabaya | punggawa tri kinèn mêdali jurit | dyan budhal sawadyanipun | nêngna wong Kartasura | Jêng Sinuhun Pakubuwana winuwus | ingkang lagya masanggrahan | anèng ing Ngungaran nênggih ||

3. injing anêmbang têngara | wadya gumrah yèn tinon angajrihi | kriciking watang atarung | pinirsa kadya bêlah | ing pratala wong pakubuwanan gêrgut | myang sagung para punggawa | sawadya siyagèng kardi ||

4. naradipati ngandika | ari êmas Mandura mringa ngarsi | sapa ingkang dadi cucuk | ing yuda kang prayoga | panêmbahan ing Mandura nêmbah matur |

--- 18 ---

lamun marêngi ing karsa | anak kawula dewa ji ||

5. inggih pun Suradiningrat | aprayogi dados cucuking jurit | angirit gêgaman sèwu | kang samya pêpilihan | akanthia Arya Jayapuspitèku | lan pun Panji Surèngrana | katri sura ing ajurit ||

6. sang nata mèsêm ngandika | sutèng ulun Suradiningrat aglis | Arya Jayapuspitèku | lawan Sa[15] Surèngrana | lah katiga sira ingsun karya cucuk | nanging ta wawêkas ingwang | kalamun katèmpêr jurit ||

7. angungsia anèng wuntat | ayya ngamuk eman mênawa mati | nadyan tumêka ing lampus | iya barêng lan ingwang | lêbur luluh ingsun datan arsa kantun | kawan sanak-sanakira | kang samya asih ing mami ||

8. ya ta pra yayi katiga | amyarsa pangandikining gusti |[16] sigra anungkêmi suku | matur sarwi karuna | lêhêng abdi paduka pêjah rumuhun | wontên madyaning ranangga | paduka lulus dadya ji ||

9. amangku rat tanah Jawa | sri narendra wêlas dènnya ningali | katiga samya rinangkul | uwis sira mênênga | liwat-liwat katiga tarimaningsun | lah payo [pa...]

--- 19 ---

[...yo] sira mangkata | kang kinèn tiga wotsari ||

10. katiga wus sami budhal | saha bala samya gambirèng jurit | ing wingking sigra sumambung | amral kang dadya dhadha | panêmbahan kang dadya pangawatipun | asisih sang adipatya | ing Surapringga prajurit ||

11. sigra budhal sri narendra | ginarêbêg sagung wadya pasisir | nitih kuda ulês gêpung | pinanganggèn tulya bra | wadya pakubuwanan prayitnèng kewuh | tan têbih lan gustinira | prasêtya barêng ngêmasi ||

12. wadya Sampang Surabaya | pan sanambang kang ngapit kanan kering | rumêksa marang sang prabu | tan milya ing gustinya | wadyabala pasisir ingkang sumambung | gumêrah syaraning bala | amor pangriking turanggi ||

13. asrang unining gamêlan | tanpa rungyan pinirsa amêlingi | amor krêbêting lêlayu | kasilir samirana | ambèr ngara-ara marga bêg supênuh | ya ta wau kawarnaa | kang dadya cucuking jurit ||

14. Rahadèn Suradiningrat | lawan Arya Jayapuspita nênggih | wus panggih samya pangayun | wus campuh ing ayuda | Pangran Surabaya nêngguh mungsuhipun | lawan Pangeran [Pang...]

--- 20 ---

[...eran] Balitar | arame dènira jurit ||

15. sigra satriya katiga | sarêng mangsah kang katrajang angisis | wong Kartasura kèh lampus | datan măngga puliha | sigra Pangran Balitar sigra lumayu | angungsi mring pabitingan | umatur dhatêng ki patih ||

16. lamun mêngsahira prapta | Radèn Sumabrata têngara aglis | bêndhe tinêmbang angungkung | têtêg kadya butula | wadyèng Kartasura prayitna ing kewuh | myang sagung para punggawa | samya ngantêp ing ajurit ||

17. kang wadya sragêni sigra | kinèn minggah dhatêng ing balowarti | mariyêm pinasang gupuh | malela kalantaka | sigra Radèn Suradiningrat manêmpuh | lawan Panji Surèngrana | myang Arya Japuspitèki ||

18. satriya tiga tumingal | lamun mungsuhira mêmpên nèng biting | tanpa wilangan kèhipun | mojar Jayapuspita | hèh wong Surabaya mênênga karuhun | apan dudu bobotira | angrangsanga balowarti ||

19. padha ngantenana wuntat | Tuwan Amral ingkang wadya Kumpêni | Panji Surèngrana muwus | sampun kakèhan akal | nadyan kathah wong Kartasura ngong purun |

--- 21 ---

kakang panduka nèng wuntat | kawula cacake dhingin ||

20. ciptaning manah kawula | yèn ngong bobot mêngsah punika maksih | sihing nata kirang mungsuh | mèsêm Jayapuspita | Radèn Suradiningrat asru amuwus | abênêr ujar punika | sigra angatak prajurit ||

21. sumahak[17] wong Surabaya | lawan wadya Mandura golong pipit | wong Kartasura agupuh | kang mariyêm pinasang | syaranira pinirsa lir gunung rubuh | lela miwah kalantaka | kang sunapan barêng muni ||

22. pêtêng madyaning ranangga | apan dhêdhêt dening kukusing bêdhil | wadya Sampang Surèngkewuh | binendrongan sanjata | nora kundur sangsaya sura lumaju | wus ngrampit biting-bitingan | wus angrangsang balowarti ||

23. kawarnaa sri narendra | amiyarsa syaraning bêdhil muni | sanjata lir gunung rubuh | surak ambal-ambalan | jêng sinuhun anarka yèn sampun campuh | kang dadya pangarsa samya | langkung marmèngirèng galih ||

24. ginêlak lampahing bala |

--- 22 ---

sigra prapta nênggih ing Kalicacing | Kumpêni lumampah ngayun- | nira sri naranata | wadyèng Sampang miwah wadyèng Surèngkewuh | katingal marang sang nata | yèn sampun angrangsang biting ||

25. balowartine rinangsang | wadyèng Kartasura sarêng bêdhili | akathah kang nandhang tatu | wong Sampang Surabaya | Panji Surèngrana apan dènnya dulu | lamun balanira rusak | bramantyanira tan sipi ||

26. tumurun sangking turăngga | Radèn Suradiningrat anauri | Arya Jayapuspitèku | mangsah sarêng angucap | hèh wong Surabaya aja na kang mundur | lah mara sira idaka | bubrahên kang balowarti ||

27. sumahab wong Surabaya | baluwartinira kang dèn unggahi | apan sama anjat lawung | munggah ing pabitingan | yèn sinawang kadya sumpil ngrubung watu | tan sêdya mundur ing rana | sanjata tan na tinolih ||

28. atarung lawung kewala | ting barêkuh sami arêbut biting | ya ta wau sang aprabu | arsa ngawaki yuda | awlas miyat marang [ma...]

--- 23 ---

[...rang] wadyèng Surèngkewuh | lawan wadya ing Mandura | kangelan arêbut biting ||

29. apan kêkathahên lawan | sri narendra amêpak ingkang abdi | wong pakubuwanan gêrgut | atap munggèng ing ngarsa | Ki Apatih Cakrajaya munggèng ngayun | acaos ing ngarsa nata | Ki Wiracana tan kari ||

30. miwah Ki Wirasantika | Kyai Citrasoma linggih kapering | angandika sang aprabu | hèh sobah sun atanya | kakangira Si Malim datan kadulu | kang tinanya atur sêmbah | abdi dalêm nandhang sakit ||

31. badêdhilên sukunira | langkung sangêt datan bisa lumaris | Sang Nata langkung gagêtun | ngandika mring apatya | wus pinasthi karsaning Hyang Maha Luhur | Si Malim adoh kang bêgja | yêkti tan dadi bupati ||

32. sri narendra majêng sigra | karsanira angantêp ing ajurit | yèn katèmpêr ingkang mungsuh | sêdya seda ing raga | Ki Palèrèt ingasta dhatêng sang prabu | myang dhuwung Ki Mesa Nular | sinothe munggèng ing kering ||

33. bala Sampang Surabaya | kang rumêksa kanan kering narpati [nar...]

--- 24 ---

[...pati] | mulat marang sang aprabu | arsa ngawaki yuda | sigra mangsah anglancangi marang ngayun | tandange lir singa lodra | sarêng mangsah ngrangsang biting ||

34. tanapi Amral Sapilman | sigra ngatag marang bala Kumpêni | parêng dènira manêmpuh | panggah wong Kartasura | Ki Apatih Sumabrata anèng purkur |[18] lawan Ki Mandurarêja | eca lênggah dèn payungi ||

35. Ki Arya Jayapuspita | wus malêbêt marang sajroning biting | myang Panji Surèngranèku | Radèn Suradiningrat | bala Sampang Surabaya sarêng mudhun | marang jroning pabitingan | ki patih awas ningali ||

36. yèn wong Sampang Surabaya | wus malêbêt marang sajroning biting | langkung ing ngadukanipun | sigra nrêggakên bala | wadya Kartasura sarêng dènnya nêmpuh | myang para mantri sadaya | parêng mangsah ing ajurit ||

37. wadya Sampang Surabaya | tana gingsir kalih sura ing jurit | arame agênti lawung | wênoh pêdhang-pinêdhang | putung watang arame suduk-sinuduk |

--- 25 ---

arukêt dènira yuda | arame kêris-kinêris ||

38. bala Sampang Surabaya | tandangira lir buta olih daging | anigas sarwi anuduk | rusak wong Kartasura | sira arya pangamuhira[19] angiwut | myang Apanji Surèngrana | pangamuke ngebrak-abrik[20] ||

39. gumêr madyaning ranangga | lir kiyamat panguwuhe wong kanin | ki arya pangamukipun | muka kutah ludira | pirang-pirang wong Kartasura kang lampus | kang bangke sungsun atumpang | tinon lir babadan pacing ||

40. wong Sampang lan Surabaya | kacarita akèh ingkang ngêmasi | nanging datan pinilaur | pan ingidak kewala | mring kancane prasamya arêbut mungsuh | giris bala Kartasura | ningali wong Surèngwèsthi ||

41. miwah kang wadya pangawat | panêmbahan apan ngobongi biting | myang Dipati Surèngkewuh [Surèngke...]

--- 26 ---

[...wuh] | angawêt balanira | Ki Apatih Sumabrata awas dulu | yèn liningkung barisira | sigra angingêr turanggi ||

42. miwah sagung pra punggawa | wus lumayu sami arêbut dhingin | ki apatih datan kantun | wadyalit asar-saran | bala Sampang sarêng asurak gumuruh | kadya karêngèng awiyad | tanapi wong Surèngwèsthi ||

43. sinusulan ing sanjata | mring Kumpêni gumrudhug ambêdhili | sadaya gugup lumayu | punggawa Kartasura | kawarnaa kang abaris Bayawangsul | sagung kang para sêntana | abanjêng dènira baris ||

44. Pangeran Arya Mantaram | kang minăngka senapatining jurit | pan inguni jangjènipun | lawan putra sang nata | jêng pangeran sanggup ananggulang pupuh | lan raka kang madêg nata | kang jumênêng ing Samawis ||

45. pangêbang-êbanging nata | ing ingkang paman kalamun mênang jurit |[21] sinung bambang alum-alum [alum-alu...]

--- 27 ---

[...m] | lawan sabin salêgsa | dhêdhak mêrang nagra tanah Jawa besuk | mring Pangran Arya Mantaram | marmane agêng kang galih ||

46. gêgamanira malatar | pra santana kang Bayalali |[22] lagya sami gunêm catur | Prangran Arya Mantaram | Ki Apatih Sumabrata sigra rawuh | lawan sagunging punggawa | kang mêntas kasoran jurit ||

47. gègèr wadya kang barisan | pan katunjang palayune ki patih | dipun nyana mungsuh rawuh | mila gègèr puyêngan | Ki Apatih Sumabrata sampun tundhuk | lan Pangran Arya Mantaram | têtanya dhatêng ki patih ||

48. kadospundi ingkang warta | dene sigra-sigra praptèng mariki | kang tinanya alon matur | anggèr tiwas ing yuda | pan kawula amêngsah wong Surèngkewuh | miwah bala ing Mandura | lawan bala ing Kumpêni ||

49. pun Amral amawi bala | tiyang Ambon Makasar Bugis Bali | lir rewănda tandangipun | balowarti rinangsang | miwah wadya Mandura lan Surèngkewuh | pangamuke

--- 28 ---

kadi yêksa | botên mundur dèn bêdhili ||

50. kadange pun adipatya | Surapringga ingkang dadya têtindhih | kalawan atmajanipun | pun adhi Cakraningrat | pan tatiga pangamukipun angiwut | datan pasah dening braja | kawula giris ningali ||

51. datan kêna pinanggahan | sasolahe kadi wong potang gêthing | myang wong pasisir supênuh | nênggih tanpa wilangan | jêng pangeran amiyarsa aturipun | Kyana Patih Sumabrata | kalangkung ngênês kang galih ||

52. pangeran alon atanya | pintên kèhe mêngsah kang pêjah jurit | Patih Sumabrata matur | anggèr inggih atusan | agêng alit kang pêjah madyaning pupuh | myang mêngsah kathah kang pêjah | atusan yèn minitawis ||

53. lagya eca pagunêman | pan kasaru ponang têlik kang prapti | pun Wiragati ranipun | tumamèng ngabyantara | Jêng Pangeran Arya Mantaram andangu | kaya paran lakunira | Wiragati ingsun tuding ||

54. kang tinanya aturira [a...]

--- 29 ---

[...turira] | inggih sam kawula kesah nêlik |[23] andombani lampahipun | raka kang madêg nata | pan ing mangke nèng Salahtiga sang prabu | amakuwon saha wadya | miwah punggawa pasisir ||

55. pêpak wontên Salahtiga | ingkang dadya pamugarining jurit | Panêmbahan Mandurèku | lawan pun Adipatya | Surabaya kalih dadya agul-agul | dhinahar saaturira | dhatêng rakanta sang aji ||

56. pun Adipati Jangrana | abêbala tigang èwu prajurit | sami tiyang gêdhug timbul | miwah pun Cakraningrat | pan abêkta wong Mandura tigang èwu | aran wadya dulangmangab | tanapi bala Kumpêni ||

57. pênuh wontên Salahtiga | tiyang Ambon Bali Makasar Bugis | wonten dene rêmbagipun | gusti sri naranata | mring punggawa lamun katèmpêr ing pupuh | akundur dhatêng Samarang | karsane malêbu gêni ||

58. yèn tan bêdhah Kartasura | datan sêdya apradangdana malih | sampun gilig rêmbugipun | sagung para punggawa | tuwin [tu...]

--- 30 ---

[...win] wadya lan Dipati Surèngkewuh | lawan Panêmbahan Sampang | kalih sêdya pêjah jurit ||

59. lan raka panduka nata | karsanipun sarêmpon lan kang rayi | suka seda kang para rum | Pangran Arya Mantaram | amiyarsa ponang duta aturipun | langkung ngênês manahira | Ki Sumabrata wus pamit ||

60. mantuk marang Kartasura | sakathahe wadya punggawa nênggih | kang kawon mêntas prang pupuh | tumut dhatêng apatya | Kangjêng Pangran Arya Mantaram minuwus | sumana lali ngubaya | saking ngrêse ingkang galih ||

61. dadyaa pikiring driya | angur ingsun karyaa bêcik dhingin | marang kakang sang aprabu | ya ta nuli utusan | marang apdi[24] kêrakêt kang dipun utus | aran Ki Wăngsamênggala | pan sampun winêling-wêling ||

62. caraka wus lumaksana | tan kawarna ing marga sampun prapti | Salahtiga kang jinujug | Panêmbahan Mandura | sira Wăngsamênggala sigra cumundhuk | lawan Panêmbahan Sampang | wus katur ingkang wawêling ||

63. ing raka Pangran Mantaram | panêmbahan [panêmbaha...]

--- 31 ---

[...n] langkung trustha ing galih | caraka binêkta gupuh | sowan mring panêmbahan | kawarnaa wau Kangjêng Sang Sinuhun | Susunan Pakubuwana | kang lagya siniwèng dasih ||

64. Ki Apatih Cakrajaya | wus asaos anèng ngarsa narpati | lawan Sujanapurèku | jajar lan Wiracana | Ki Ngabèi Wirasantika tan kantun | myang Tumênggung Citrasoma | wus munggèng ngarsèng narpati ||

65. Ki Adipati Jangrana | anèng ngarsa lan Dipati Sêmawis | angandika sang aprabu | hèh ki besan Samarang | bala Sampang miwah bala Surèngkewuh | panyananingsun kasoran | duk aprang arêbut biting ||

66. yèn kasorana upama | karsaningsun arsa ngawaki jurit | Ki Jayapuspita matur | abdi dalêm sadaya | sampun miris dene kêkathahên mungsuh | nuntên amba mangsah dharat | kalawan pun adhi panji ||

67. tuwin pun Suradiningrat | wong têtiga sarêng lumêbêt biting | nuntên abdi dalêm purun | sami ngamuk sadaya | mêngsah dalêm wong Kartasura apêngkuh | acaruk dhuwung kewala | abdi dalêm kathah kanin ||

--- 32 ---

68. miwah bala Kartasura | kathah pêjah wangke sungsun atindhih | langkung suka sang aprabu | miyarsa aturira | Arya Jayapuspita ginanjar dhuwung | tuwin Dyan Suradiningrat | myang Surèngrana Apanji ||

69. katri ginanjar busana | Panêmbahan Mandura sigra prapti | tumamèng byantara prabu | manêmbah ing suku sang | lunggyèng ngarsa panembahan sigra matur | patikbra atur uninga | rayi paduka dewa ji ||

70. Pangeran Arya Mantaram | aputusan mring kawula narpati | lan punika dutanipun | angandika sang nata | hèh kongkonan sira prapta pa ingutus | marang yayi Mas Mantaram | punang duta matur aris ||

71. gusti kawula dinuta | ing arinta Pangran Arya Mantawis | ngaturakên sêmbahipun | lawan kang pêjah gêsang | ri paduka gusti pan arsa anungkul | sêdya aprang gêgorohan | dene padhange kang mêrgi ||

72. sampun kuwatir paduka | rayi dalem ingkang mêngani margi | langkung suka sang aprabu | miyarsa turing duta | jeng susunan pangandikanira arun |[25] yèn mangkono yiyi êmas | wurung ngayoni mring mami ||

73. hèh duta sira matura | umatura sira marang si adhi | yèn èstu panungkulipun [panungkuli...]

--- 33 ---

[...pun] | iya lêwih prayoga | sun tarima dene cumundhuk ing kayun | Wăngsamênggala tur sêmbah | sigra mentar tan na kari ||

74. nêngêna ingkang caraka | pêndhak enjing budhal sri narapati | syaraning bala gumuruh | lir obah kang pratala | kadya saban bala Mandura agêrgut | Kumpêni kang dadya dhadha | panembahan mungge[26] kering ||

75. Ki Adipati Jangrana | munggèng kanan sawadya Surawesthi | dene ingkang dadya cucuk | para putra Mandura | atanapi para kadang Surèngkewuh | ya ta ingkang kawarnaa | Pangeran Arya Mantawis ||

76. gêgaman sampun tinata | amalatar prapta kênthèng kang baris | tanpa wilangan dinulu | bala ing Kartasura | sigra prapta wong Surabaya anêmpuh | miwah wadya ing Mandura | lir danawa olih daging ||

77. dhadhal bala Kartasura | senapatinira lumaku dhingin | wadya lit sarêng lumayu | samya asalang tunjang | kadya bêlah kang pratala syaranipun | garubyuge wong lumajar | watang samya dèn putungi ||

78. bala Sampang Surabaya | samya ngungsir rêbut bandhangan sami | ya ta wau kang winuwus | Tumênggung Wiraguna | abêbiting [abê...]

--- 34 ---

[...biting] nèng Ngasêm sabalanipun | gêgaman abra asinang | jagange sampun rinakit ||

79. Susunan Mangkurat Êmas | sêdyanira karsa ngawaki jurit | ing Ngasêm dènira mêthuk | yudanira kang paman | arêrêmpon karsanira sang aprabu | anèng salêbêting kitha | sampun gêganjar kang abdi ||

80. myang wong kadipatèn lama | wus ginanjar sabuk wastra kulambi | pira-pira ingkang mêtu | donya saking jro pura | myang busana ingkang sami adi luhung | gambira wong Kartasura | abaris nèng păncaniti ||

81. kêlangkung sami prayitna | abra sinang panganggone kang abdi | dene kang dèn ayun-ayun | Pangran Arya Mantaram | ingkang dadya senapatining prang pupuh | manggalaning ing ayuda | amapak mêngsah Kumpêni ||

82. sanggupe mring putra nata | saguh purun ing prang arêbut jodhi | nanggulang mungsuh kang rawuh | mila ingambil besan | mring sang nata sumungkêm ing galihipun | marmane Dèn Ajêng Wulan | pinanggihakên ing nguni ||

83. lan putra ing Mantaraman | Radèn Suryataruna kang wêwangi | krama paman Sang Dyah Ayu | antuk sih

--- 35 ---

asinihan | milanipun sang nata ngandêl kalangkung | măngsa ta nora trêsnaa | marang putrane sayêkti ||

84. kadang kalawan atmaja | ingkang masthi awrat putra sayêkti | lawan sihira kêlangkung | sang nata mring kang paman | sakathahe wadya tan nyana tyasipun | yèn Pangran Arya Mantaram | mangke maring ingkang galih ||

85. lagya eca nata bala | pan kasaru praptane para mantri | ingkang mêntas kapalayu | myang sagung pra santana | gumarudug lumayu arêbut lurung | anunjang ing pabarisan | pati-pati babêntusi ||

86. Pangeran Arya Mantaram | praptèng Ngasêm asru dènira angling | hèh wadya Kartasurèku | kabèh padha bubara | lumayua padha rêbuta gustimu | lah sapa bature kendhang | ingsun tan kawawa jurit ||

87. mungsuh Kumpêni lan Sampang | sigra Kyai Wiraguna anênggih | dyan angingêr kudanipun | anandêr mring kadatyan | sakathahe bala pan sami kalunglun | mring Pangran Arya Mantaram | sigra tumamèng mring puri ||

88. wus panggya lan Sunan Êmas | jêng pangeran têbah jaja sarya ngling | aso

--- 36 ---

dènira muwus |[27] anak prabu pun bapa | katiwasan kawon gèn kawula pupuh | amêngsah dede sêsanggan | myang wadya kathah ngêmasi ||

89. saking kathahe kang mêngsah | rencang kêdhik mila datan kuwawi | yèn suwawawi anak prabu |[28] sampun angeca-eca | dawêg linggar sadintên mangke dèn gupuh | bilih kasêsa ing lampah | mêngsah dika sun watawis ||

90. ing sadintên mangke prapta | ponang mêngsah datan kêni winilis | awêndran ing kathahipun | dene paman andika | sampun lali tan emut amêngsah sunu | kalimput ing kawibawan | lêgine wong ngêmut gêndhis ||

91. miwah mêngsah dede băngsa | Bali Bugis miwah bala Kumpêni | kagila-gila prangipun | wong Sampang Surabaya | datan anggop Kumpêni pambêdhilipun | sampun na emut kawula | atilar ing sri bupati ||

92. upami kula pogoka | kalampahan pun bapa angêmasi | wong ing Sampang Surêngkewuh | malah sêsumbarira | Cakraningrat miwah pun Jangrana wau | hèh batur yèn olèh

--- 37 ---

sira | santana Kartasurèki ||

93. aja na sira prajaya | wudanana tanapi sang nêrpati | lamun kasambut ing pupuh | dèn age wudanana | si tunggangêna kêbo sarwi mungkur |[29] sang nata sarêng miyarsa | tuture kang paman uning ||

94. langkung gugup manahira | ingkang paman asru dènira angling | alah dawêg anak prabu | sami rêbut Koripan | pintên banggi anggèr benjing sagêt wangsul | dhatêng prajèng Kartasura | sok anggèr maksih ya urip ||

95. măngsa ta kiranga akal | milanipun Pangran Arya Mantawis | kadya makatên turipun | dêdimène kang putra | glisa kendhang suwawi anggèr dèn gupuh | kawula kang anèng wuntat | ingkang ngawali ing jurit ||

96. lawan pun Paman Panular | myang pun Paman Natakusuma inggih | bilih kasompok ing laku | kawula kang nanggulang | dadya kawal nèng wingking nanggulang pupuh | sri narendra kagegeran | myarsèng kang paman turnèki ||

97. ya ta sakèh para garwa | sarêng ningis[30] gumêr sajroning puri | pawongan adandan sampun | otêr gumêr puyêngan | gêlung lukar sasampur wudhar tan ketung | gugup prasamya [pra...]

--- 38 ---

[...samya] karuna | kasusu sri narapati ||

98. pasthi karsaning Hyang Suksma | Susunan Mas pocot kaprabonèki | sigra bubar sang aprabu | gumêr tangising garwa | sri narendra samana sêmu wêtu luh | pan tansah tinênggak-tênggak | sampun miyos saking puri ||

99. jêngkar saking ing nagara | pra punggawa miwah mantri angiring | ing dina Kêmis anuju | ping pitu ingkang tanggal | pan Jumadilakir nênggih sasinipun | amarêngi ing Jimawal | apan ta ing măngsa katri ||

100. ngetan mêdal ing Nglawiyan | ngidul ngetan Giyanti kang dèn jogi | myang Kaduwan larugipun | nêngêna ingkang kèntar | kang Sinuhun Pakubuwana winuwus | pan sampun amasanggrahan | ing Balêdug kang dèn ciki ||

101. rêrêm sadalu sang nata | injang budhal saha bala lumaris | lan wong Sampang Surèngkewuh | prasamya angrêrayah | ambêboyong tiyang Mandura arusuh | wênèh minta babrêkatan | yèn ora wèh angudani ||

102. lêstari ing lampahira | masanggrahan nata nèng Majalêgi | ing dina Jumungahipun | ping wolu tanggalira | tugil[31] wulan kang putra kendhangipun [kendhangi...]

--- 39 ---

[...pun] |[32] ganti sadalu kewala | gènnya rêrêb sri bupati ||

103. sipêng sadalu sang nata | enjing budhal saking ing Majalêgi | ya ta wau kang winuwus | Pangran Arya Mantaram | lan Pangeran Natakusuma datan kantun |[33] myang Pangran Arya Panular | kang kantun anèng nagari ||

104. sira Pangeran têtiga | arsa mêthuk marang sri narapati | prasamya asaos suguh | anèng warung Kalitan | Tuwan Amral Sapilman anulya rawuh | panggih lan Pangran Mantaram | myang Dipati Surèngwèsthi ||

105. tuwin Panêmbahan Sampang | cundhuk lawan Pangran Arya Mantawis | Amral Sapilman amuwus | wontên pundi sang nata | Jêng Pangeran Arya Mantaram sumaur | wus tinutur solahira | miwiti malah mêkasi ||

106. amral trustha amiyarsa | ing wartane Jêng Pangen Mantawis |[34] ya ta sinêgahan sampun | apan sami adhahar | pra punggawa miwah amral dhahar nutug | anulya para prawira | pan kinèn anêdha sami ||

107. waradin dhatêng rarêmbat | kang sasêgah nênggih pangeran katri | amral samana wus laju | lan Panêmbahan Sampang | Adipati Surabaya datan [data...]

--- 40 ---

[...n] kantun | ing alun-alun wus prapta | amral gagêtun ningali ||

108. ningali Sapujagad |[35] atanapi Kiyai Gunturgêni | dene gêng-agêng pinunjul | datan kinarya yuda | sira Amral munggah dhatêng sitiluhur | lajêng mring kori pamêngkang | kêpanggih dipun kancingi ||

109. katri tan purun amêgsa | ajrih marang kangjêng sri narapati | Amral Sapilman amuwus | hèh sira panêmbahan | akantuna lan Dipati Surèngkewuh | manira bali amapag | marang kangjêng sri bupati ||

110. dyan wangsul Amral Sapilman | panêmbahan kang tinanggênah wuri | lan Dipati Surèngkewuh | sami angrakit bala | panêmbahan karya baris sinasiyung | myang Adipati Jangrana | tinata wong Surèngwèsthi ||

111. Panêmbahan Cakraningrat | gêgamane apan awarni-warni | kang dadya lêlurahipun | nênggih para sêntana | sawanine sami rasukan baludru | rêta pan sami rinenda | angangge kampuh kumitir ||

112. miwah bala Surabaya | tan prabeda busananira asri | dènnya akarya sêsiyung | wiwiting pagêlaran | prapta ing Kêmlayan nênggih barisipun |

--- 41 ---

têngêran tinon asinang | abra katiyup ing angin ||

113. wadya Sampang Surabaya | barisira tinon lir gunung gêni | kawarnaa ingkang wangsul | sira Amral Sapilman | praptèng Ngasêm tundhuk lawan sang aprabu | umatur dhatêng sang nata | yèn pura pinanggih sêpi ||

114. yèn suwawi lawan karsa | sri narêndra ngadhatona tumuli | angandika sang aprabu | lah iya payo mangkat | sigra budhal saking ing Ngasêm gumuruh | kadya umbaking samodra | samya gambira ing galih ||

115. sang nata nitih dipăngga | cinarita angsalira Samawis | Raja Siyêm kang tur-atur | marang Susunan Êmas | Ki Dipati Sêmarang tan awèh langkung | dadya anjrih kang utusan | liman katur ing nêrpati ||

116. pinêlanan abră muncar | pra punggawa angapit kanan kering | gêgaman pasisir sampun | dhingini lampahira | anêpungi wong Mandura barisipun | tinata ponang gamêlan | sunapan wus dèn isèni ||

117. lampahira sri narendra | sampun prapta ing ngalun-alun nênggih | wadya Sampang Surèngkewuh | samya nabuh gamêlan |

--- 42 ---

kang sanjata sunapan pinasang gupuh | wus muni lir gunung rêbah | gong bèri bêndhe tinitir ||

118. lajêng samya ambêbêksan | wadya Sampang miwah wong Surèngwèsthi | gamêlan umung gumuruh | awor kriciking kuda | sri narendra ing pagêlaran wus rawuh | têdhak saking ing dipăngga | para punggawa sumiwi ||

119. Panêmbahan Cakraningrat | Adipati Surabaya tan têbih | Amral Sapilman tan kantun | miwah kang para putra | sri narendra minggah dhatêng sitiluhur | lajêng mring kori pamêngkang | kang pintu maksih kinunci ||

120. kandhêg lampahe sang nata | sigra amral kunci tinigas aglis | ya ta mênga punang pintu | lajêng sri naradipa | angadhaton para garwa wus lumêbu | anuju dina Jumungah | dènnya ngadhaton sang aji ||

121. panêmbahan ing Mandura | sigra matur maring sri narapati | yèn Pangran Mantaram nungkul | lawan Pangran Panular | tuwin Pangran Natakusuma pun nungkul | tanapi wong Kartasura | akathah kang samya balik ||

122. ênêngêna sri narendra | kawuwusa

--- 43 ---

Pangeran Angabèi | ing nguni apan tinantun | marang Susunan Êmas | sagah milya ing raka sabaya lampus | sarênge kendhang kang raka | pangeran nyimpang ing margi ||

123. lan saputra garwanira | lajêng ngili marang ing desa Wêdhi | sarêng ngadhaton sang prabu | pangeran wus miyarsa | wus adandan saha garwa arsa tundhuk | mring rama sri naranata | sigra budhal tan na kari ||

124. datan kawarna ing marga | praptèng praja wus katur ing nêrpati | saksana wau sang prabu | putra wus tinimbalan | tumamèng jro ing ngabyantara abukuh | kalih samya onêngira | tuwin ingkang para ari ||

125. sami anungkêmi pada | Jêng Pangeran Ngabèi sêmu tangis | dènira pisah tri taun | mangkya lagya kapêdhak | myang sang nata kêlangkung suka ing kalbu | nahên ingkang sih-sinihan | mangkana ingkang winarni ||

126. nênggih mangsuli carita | duk sang nata budhal saking Samawis | ingkang putra kinèn kantun | anjagani Samarang | pan Kumpêni datan eca manahipun | yèn nata tan tilar putra | mila kantun nèng Samawis ||

--- 44 ---

127. lan malihira pangeran | anacahna mêngsah kang saking wuri | marmanipun kinèn kantun | putra andêl ing yuda | Jêng Pangeran Prangwadana têguh timbul | tan nana braja tumama | mila tinanggênah wuri ||

128. tinilar lan ibunira | pan ing mangke sampun miyarsa warti | yèn kang rama mênang pupuh | sampun manjing ing pura | jêng pangeran arêmbagan lan kang ibu | arsa nusul ingkang rama | wus tan na pakewuh ri |[36]|

129. kang ibu nurut kewala | wus adandan lawan sawadyanèki | Lopèrès nulya umatur | kang jaga ing Samarang | nah ing anggèr sampun paduka ge mantuk | yèn ta dèrèng aputusan | rama dika sri bupati ||

130. yêgti matêdhani surat | mring kawula yèn dika dèn timbali | sabên-sabên arsa mantuk | Lopèrèse Samarang | angaturi pisan ping kalih ping têlu | pangeran kaku tyasira | panuju kaparêng runtik ||

131. sampun karsaning Hyang Sukma | ingkang rama lami tan na nimbali | pangeran maksa yun mantuk | Lopèrès datan suka | kajuwêtên Lopèrès sangêt turipun |

--- 45 ---

nuju pinarênging duka | dhasar prayayi bambang pring ||

132. pangeran supe sakala | subasita datan ana kaèksi | Lopèrès nulya sinuduk | jajanya kapisanan | jêng pangeran sigra budhal tan asantun | kang ibu langkung sungkawa | samarga asangu tangis ||

133. dene solahe kang putra | mendahane dukane sri bupati | pangeran pan datan ayun | mantuk mring Kartasura | dadya nglalu tyasira laju mring Kêdhu | ngancik desa Kabakalan | ajrih mring rama narpati ||

134. nênggih dhusun Kabakalan | dhusunipun ingkang rama ing nguni | kala kapugêranipun | ya ta kangjêng pangeran | mring wadana sampun madêg marisipun | wong Kêdhu suyut sêdaya | datan ana ingkang wani ||

135. tan ana nglawani yuda | jêng pangeran saya agêng kang baris | watawis wong sangang èwu | sampun katur ing nata | tuwin Amral Sapilman sarêng umatur | yèn Pangeran Prangwadana | anuduk Lopèrès mati ||

136. sang nata kalangkung duka | dyan parentah wadya sri narapati | Panêmbahan Mandurèku | myang Dipati Jangrana | kinèn bujêng mring Sunan [Suna...]

--- 46 ---

[...n] Mas lampahipun | Dipati Sujanapura | tinuduh mring Kêdhu aglis ||

137. angipuk marang kang putra | marang dhusun ing Kabakalan nênggih | dyan budhal sawadyanipun | myang Panêmbahan Sampang | sarêng budhal lan Dipati Surèngkewuh | bala pasisir binêkta | kabangkèkan dènnya baris ||

138. kawarnaa Sunan Kendhang | anèng Nglaroh asipêng tigang latri | Patih Sumabrata matur | lamun wadya Mandura | prapta ngungsir miwah wadya Surèngkewuh | Sunan Kendhang kagegeran | wus budhal bala lumaris ||

139. mangetan dhatêng Kaduwang | para mantri miwah para dipati | kathah ingkang sami wangsul | tundhuk mring panêmbahan | katarima punggawa dènira nungkul | katur dhumatêng sang nata | langkung suka sri bupati ||

140. kunêng gantya kawuwusa | kang dinuta mring Kêdhu aglis prapti | dhusun Kabakalan wau | Pangeran Prangwadana | dèn aipuk dening Sujanapurèku | tan winarna solahira | pangeran tyasira gampil ||

141. nurut mring Sujanapura | wus binênta[37] marang Kartasurèki | sawadyanira tan kantun [kantu...]

--- 47 ---

[...n] | watawis tigang nambang | kang gêgaman anjawi têtiyang pikul | wus prapta ing Kartasura | katur ing sri narapati ||

142. sa[38] nata merang ing nala | ingkang putra kinèn ngukum tumuli | linawe ing masjid agung | kang ibu tumut bela | mring atmaja langkung dènnya kawlas ayun | kang mulat sami karuna | ya ta kawarnaa malih ||

143. sira Panêmbahan Sampang | kang angungsir mring Sunan Kendhang nênggih | mangkya tinimbalan mantuk | marang ing Kartasura | tuwin sira Adipati Surèngkewuh | dene kang putra wus têbah | milane dipun timbili[39] ||

144. bubar mantuk panêmbahan | atanapi punggawa para mantri | lan Dipati Surèngkewuh | dene mantri punggawa | Kartasura apan ingkang sami nungkul | binakta mantuk sadaya | miwah ingkang anak rabi ||

145. wus prapta ing Kartasura | kawarnaa kangjêng sri narapati | enjing miyos sang aprabu | kang seba amêlatar | Ki Apatih Cakrajaya munggèng ngayun | lawan Panêmbahan Sampang | myang Jangrana Surèngwèsthi ||

146. Dipati Sujanapura | sampun nangkil munggèng ngarsèng narpati |

--- 48 ---

Citrasoma jajaripun | Tumênggung Wirasana | lan Tumênggung Jayaningrat jajaripun | tanapi Kartanagara | pêpak wadya ing pasisir ||

147. Pangeran Arya Mantaram | nunggil lênggah Pangran Balitar nênggih | Pangran Natakusumèku | abukuh lungguhira | para putra sadaya pêpak ing ngayun | miwah Pangeran Dipatya | Mangkunagara anangkil ||

148. myang Pangeran Purubaya | jajar inggih lan Pangeran Ngabèi | Pangran Panular tan kantun | Pangeran Upasănta | miwah sira Pangran Dipanagarèku | sri naranata ngandika | marang ing Sampang Dipati ||

149. kaya paran lakunira | anak prabu samêngko ana ngêndi | panêmbahan nêmbah matur | gusti putra paduka | inggih wontên ing Kaduwang larugipun | dene sagung kang punggawa | bupati taksih tut wuri ||

150. dhatêng ing putra panduka | nanging mantri kathah wangsul ing margi | suwita paduka prabu | ngaturakên têtêkan | namung kantun Mandurarêja kang tumut | kalawan pun Wiraguna | lan Sumabrata Apatih ||

151. kalawan Mangunagara | Arya Tiron miwah santana aji | angandika sang aprabu | hèh Patih [Pa...]

--- 49 ---

[...tih] Cakrajaya | sakahe punggawa kang samya nungkul |[40] iku padha lungsurana | nanging Si Mangkuyudèki ||

152. sisiha Si Surataka | pan Si Suranata dadiyèng wuri | myang Si Natakusumèku | têtêpa lungguhira | lan Sindurja maksiha dadi tumênggung | lan yayi Arya Mantaram | lan yayi Panular sigih ||

153. maksiha kaya ing kuna | duk jênênge kangkang[41] prabu ing syargi | dene Si Citrasomèku | ingsun karya wadana | gêdhong kiwa kang têngên Wiracanèku | miwah ta ki adipatya | ingsun paringi lêligih[42] ||

154. limang èwu alinggiha | tuwin Ki Purbaya sun paringi |[43] gawene wong têlung èwu | Si Dipati Balitar | têlung èwu dadia lêlungguhipun | Ki Ngabèi Loring Pasar | ingsun paringi lêlinggih ||

155. cacah desa kalih nambang | anak ingsun Ki Dipanagarèki | ingsun paringi wong sèwu | dene Ki Upasănta | pan sanambang kang dadya lêlungguhipun | ki patih matur sandika | ngandika sri narapati ||

156. kacatur ing Kartasura | sampun têntrêm manahe wadya alit | atanapi sang sinuhun |

--- 50 ---

agêlar palamarta | ambêg santa budya para amarsadu | tan pêgat adana darma | eca manahe wong tani ||

157. ya ta wau Tuwan Amral | wus tinundhung mantuh[44] sakèh Kumpêni | komisaris ingkang kantun | Kunpêni kang tinilar | kalih atus kang ajaga sang aprabu | kapitanira satunggal | sira Dipati Samawis ||

158. tinundhung mantuk Samarang | kinèn jagi Kumpêni anèng margi | nêngêna kang samya mantuk | kocapa Sunan Kendhang | wus utusan sang nata amundhut bantu | marang nagri Pasuruan | tan alami sampun prapti ||

159. utusane Surapatya | pêpatihe nênggih ingkang tinuding | Ngabèi Lor Bèi Kidul | sira Susunan Kendhang | sampun budhal saking Kaduwan sang prabu | kapêthuk anèng Dêrmalang | lan dutane Surapati ||

160. wus panggih lawan sa[45] nata | Ngabèi Lor Kidul samya apamit | arsa lumaksanèng pupuh | bêdhahing Kartasura | wus linilan sigra lajêng lampahipun | datan kawarna ing marga | desa Kamanggaran prapti [pra...]

--- 51 ---

[...pti] ||

161. anadene Sunan Kendhang | lajêng marang nagari Pranaragi | Ngabèi Lor Bèi Kidul | kang baris Kamanggaran | angrêrayah wong desa samya lumayu | angungsi marang jro kitha | katur marang ki dipati ||

162. ing Sampang lan Surabaya | lamun bala Pasuruan dhatêngi | Panêmbahan Mandurèku | nimbali para putra | atanapi para kadang Surèngkewuh | kinèn sami pradandanan | sakapraboning ngajurit ||

163. gambira kang para putra | atanapi punggawa ing pasisir | sadaya pan kinèn mantuk | marang ing ngadilaga | kacarita dèrèng wonten ingkang campuh | maksih anèng Kartasura | sagung bopati pasisir ||

164. Ki Arya Jayapuspita | miwah Radèn Suradiningrat nênggih | myang Radèn Surèngranèku | katri dadya manggala | sigra budhal wadya Surabaya gargut | tanapi bala Mandura | datan kawarna ing margi ||

165. prapta ing warung Wêloda | wong Mandura pasisir samya baris | cucuking mêngsah wus rawuh | nanging datan linawan | apan pinrih dêladag ing manahipun | wus samya ajêng-ajêngan |

--- 52 ---

nêngêna ingkang abaris ||

166. kawarnaa Sunan Kendhang | sapraptane nagari Pranaragi | agung cangkrama sang prabu | ing wana myang ing toya | para sêlir nênggih kawan dasa wolu | binakta kendhang sang nata | manggung kêtanggung kang rayi ||

167. miwah ingkang pêpingitan | pan akathah tut wingking sri bupati | samarga tansah gung lulut | tan măntra lamun kendhang | wong katèmpêr ya ta wau sang aprabu | wus amundhut garogolan | mring Dipati Pranaragi ||

168. sira Radèn Martawăngsa | wus asaos kidang mênjangan kancil | pirang-pirang kathahipun | manjangan ingkang kêna | ing bêthekan sampun miyos sang aprabu | garwa binêkta sadaya | tanapi kang para sêlir ||

169. sakathahe wadyabala | jêjêl pipit nèng jawi bêthèk sami | saksana wau sang prabu | dènira mênthang langkap | punang sangsam ingarah manah tumanduk | sangsam kêna kapisanan | Radèn Martawăngsa aglis ||

170. malêbu jro babêthekan | punang sangsam kang kêna ing jêmparing | winêdalakên agupuh | pagsane Ki Dipatya | Pranaraga sinambêlèha [sinambê...]

--- 53 ---

[...lèha] ing kaum | sangsam kang kenging sanjata | katingal marang sang aji ||

171. lamun Radèn Martawăngsa | manjing grogol langkung duka sang aji | nulya kinèn nyêkêl gupuh | Dipati Pranaraga | dèn kabari sigra aniba tan emut | rinampa kang para putra | ya ta kasaput ing wêngi ||

172. sagunging para sêntana | Pranaraga datan sagêt ningali | langkung sakit manahipun | dene kêdhik kang dosa | sigra dandan karsanira soroh amuk | wus rêmbug para sêntana | sawênèh ana kang angling ||

173. saprandene[46] Kartasura | pan wus ana ingkang jumênêng aji | tur ambêg manah rahayu | ngapura wong dêdosa | angasihi ing dasih kang sêtya tuhu | tur sabar lila ing donya | wêlas marang pêkir miskin ||

174. iki ratu jajah lanat | payo sanak padha ingamuk wani | sigra sami kesah gupuh | akambu marang wana | bala Pranaraga sigra soroh amuk | Ki Apatih Sumabrata | sampun uninga ing wadi ||

175. yèn santana Pranaraga | arsa ngamuk sigra matur sang aji | kapitèng tyas sang aprabu | langkung guguping [gugu...]

--- 54 ---

[...ping] nala | nulya budhal angili dathêng Madiun | wadya alit kagegeran | pating kathèthèr kèh kari ||

176. kang kacandhak pinatenan | wadya kasunanan kathah ngêmasi | wong Pranaraga agargut | wus agêng barisira | Sunan Kendhang sam prapta ing Madiun |[47] pan sami ajêng-ajêngan | lawan bala Pranaragi ||

177. wana gêgolong dènnya prang | long-linongan wadyalit kathah mati | kunêng gantya kang winuwus | para putra Mandura | atanapi para kadang Surèngkewuh | lawan pasisir sadaya | sampun campuh ing ngajurit ||

178. lawan bala Pasuruan | Ngabèi Lor langkung sura ing jurit | miwah Ki Ngabèi Kidul | langkung dènnya sudira | anèng desa Ngaluyu dènira campuh | kalangkung ramening yuda | kang wadya kathah ngêmasi ||

179. nênggih kêkathahên lawan | Ngabèi Lor nênggih lumayu aglis | wong Surabaya andulu | palayune mangetan | anjog Pamêdhangan maksih dèn bêbujung | arsa dhatêng Pranaraga | Ngabèi Lor myarsa warti ||

180. yèn Sunan Kendhang wus budhal | mring

--- 55 ---

Madiun Ngabèi Kidul nuli | angalor sawadyanipun | anjog ing Jagaraga | bala Sampang maksih sami ambêbujung | Ngabèi Lor lajêng ngetan | ing Madiun kang dèn jogi ||

181. wadya Sampang Surabaya | maksih bujung kandhêk anèng Gulathik | Ngabèi Lor sampun têmu | lawan Susunan Kendhang | dyan binakta lajêng mangetan sang prabu | wadya ing pakubuwanan | ing Madiyun kang dèn jogi ||

182. barise wong Pranaraga | sampun ngumpul lan baris Surèngwèsthi | Sunan Kendhang sigra laju | rêrêp ning Pranaraga | bala kilèn mundur mring Kartasura wus | kari wong măncanagara | kang maksih kinèn abaris ||

183. angajêngakên ing Daha | ênêngêna kang baris ing Kadhiri | Jendral Batawi winuwus | nênggih ngaturi sêrat | mring sang nata kang nuwala sampun katur | sigra wau tinupiksa | dening panukmaning tulis ||

184. yèn suwawi Susunan Mas | lawan karsa nata sami dèn ungsir | saparane tinut pungkur | lawan Ki Surapatya | pan linêbur têkèng anak putunipun | wadya pasisir punika | lah dawêg sami kinêrig ||

--- 56 ---

185. anggitika Pasêdhahan | pan kawula inggih saos Kumpêni | apan dhomas cacahipun | ingkang nindhihi yuda | abdi dalêm pun komasaris pukulun | kapanujon sri narendra | wus rêmbag para dipati ||

186. ya ta wau sri narendra | animbali Dipati Surèngwèsthi | Panêmbahan Mandurèku | tumamèng kênyapura | munggèng ngarsa kang tansah tinantun-tantun | tanapi Kartanagara | sakawan rêkyana patih ||

187. Dipati Sujanapura | munggèng ngarsa lan Ki Wiracanèki | angandika sang aprabu | yayi mas ing Mandura | amangkata ing Pasêdhahan anglurug | mêtua êlor kewala | anjoga ing Surawèsthi ||

188. anak ingsun Si Purbaya | angluruga mêtua Pranaragi | kang ngiringêna nak ingsun | wong pasisir kang kiwa | sira kulup Purbaya dadi têtunggul | yudane wong Kartasura | sira gawaa sapalih ||

189. kang putra matur sandika | tan lênggana ing karsa panduka ji | Panêmbahan Mandurèku | sampuna prajanjeyan | lan Pangeran Purbaya sêmayanipun | datan tulung-tinulungan | pangeran wus pamit mijil ||

--- 57 ---

190. miwah sagunging prawira | wus tinundhung sadaya samya mulih | ing latri datan winuwus | enjang anulya dandan | Jêng Pangeran Purbaya budhal karuhun | sinêngkalan sirna guna | angrasani wani jurit |[48]|

191. ingiring kang wadyabala | lampahira tan kawarna ing margi | arsa anjog ing Madiun | mangetan mring Caruban | Panêmbahan Mandura budhal gumuruh | lan wadyèng pasisir kanan | myang Dipati Surèngwèsthi ||

192. ing marga datan winarna | sampun prapta nagari Surawèsthi | komasaris sampun kumpul | lan Panêmbahan Sampang | sigra budhal dhatêng Pasuruan gupuh | gumêrèh wadya Mandura | tan sêdya mundur ing jurit ||

3. Durma

1. dyan warnanên Dipati Wiranagara | sampun miyarsa warti | yèn wong Surabaya | lawan tiyang Mandura | tanapi bala Kumpêni | saking lèr prapta | langkung dènira runtik ||

2. Surapati sigra anêmbang têngara | para mantri glis prapti | miwah para putra | lawan para sêntana | wong Bali pêpak nèng ngarsi | sampun siyaga | sakapraboning [saka...]

--- 58 ---

[...praboning] ajurit |[49]|

3. wadyabala Pasuruan kadi yêksa | solahira ngajrihi | watawis salêksa | sami wong warêg dana | sigra budhal sang dipati | saha turăngga | ginarêbêg ing dasih ||

4. pan agargut tandange wong Pasuruan | datan kawarnèng margi | ing Bangil wus prapta | sigra anata bala | kawarnaa komasaris | lan panêmbahan | Mandura praptèng Bangil ||

5. miwah sira Adipati Surabaya | komasaris ningali | lamun Surapatya | barisira malatar | kalangkung trustha ing galih | sampun tinata | sakèh bala Kumpêni ||

6. Komasaris Kênol ingkang dadya dhadha | panêmbahan nèng kering | minăngka pangawat | Dipati Surabaya | pangawat kanan nindhihi | para punggawa | Pasisir wus pinilih ||

7. sarêng nêmpuh wadya Sampang Surabaya | miwah bala Kumpêni | sarêng ananjata | bala ing Pasuruan | tumanggah tan sêdya gingsir | campuh ing yuda | tan ana ngucap ajrih ||

8. ramening prang pêtêng madyaning paprangan | dening kukusing bêdhil | bala Pasuruan | pêngamuke manêngah | wadya Kumpêni bêdhili | wong Pasuruan [Pasurua...]

--- 59 ---

[...n] | akèh longe kang mati ||

9. Adipati Wiranagara tumingal | yèn wadya kathah kanin | kang mati gêlasah | langkung dènnya bramantya | sigra umangsah tumuli | kang para putra | lir banthèng tawan kanin ||

10. Radèn Surapati arsa ngawakana | yuda lawan Kumpêni | wong Bali sumahab | myang wadya Pasuruan | tan ana kang ngucap ajrih | lir singa lodra | tandange mobat-mabit ||

11. sarêng tanduk Pumpêni[50] sigra nanjata | maryêm lan gutuk api | myang bêdhil sunapan | bala ing Pasuruan | pêngkuh ingurugan mimis | pating jalêmpah | wangke sungsun atindhih ||

12. Adipati Wiranagara tan kewran | binendrong dening bêdhil | sangsaya sudira | pangamuke manêngah | wadya Bali tan atêbih | la[51] gustinira | angamuk golong pipit ||

13. Adipati Wiranagara lir yaksa | kang tinarajang gusis | anumbak anigas | Kumpêni kathah pêjah | Panêmbahan Mandurèki | têtulung sigra | lawan bala pasisir ||

14. sigra nêmpuh wong dulangmangab sumahab | wong Bali datan gingsir | ramene kang yuda | gênti tumbak-tinumbak | sawênèh agênti kêris [kê...]

--- 60 ---

[...ris] | bênggang ginêbang | rukêt banting-binanting ||

15. ramening prang tambuh mungsuh lawan rowang | wong Sampang lan wong Bali | kalihe sudira | sami wong warêg dana | datan ana ngucap ajrih | ulêng-ulêngan | gênti lêmbing-linêmbing ||

16. lir ampuhan syaraning wadya kabranan | awor watang agathik | ana sambat biyang | kaki nini sinambat | braja putung ting carêngkling | kukus sundawa | pêtêng lir têngah wêngi ||

17. syaraning kang sênjata lir gunung rêbah | pratala gonjang-ganjing | langit kêlap-kêlap | wadyabala Mandura | wong dulangmangab kèh kanin | gêmpang suh sirna | dèn amuk mring wong Bali ||

18. kawarnaa Dipati Wiranagara | pisah kalawan dasih | barising Walănda | wau kang tinêrajang | Surapati dèn bêdhili | pan ora pasah | sangsaya ngamuk ngungkih ||

19. kinarubut Dipati Wiranagara | ginitikan ing bêdhil | putung watangira | sigra narik curiga | kalangkung sura ing jurit | sang adipatya | angamuk karo kêris ||

20. pinêdhangan Dipati Wiranagara | mapan tan ora busik | sangsaya manêngah | pan anuduk anigas | tumpês kang bala Kumpêni | pating sulayah |

--- 61 ---

kadi babadan pacing ||

21. cinarita wontên kapitan satunggal | Pabèbèr kang wêwangi | Kumpêni prawira | ing sabrang tanpa sama | tate ambêdhah nagari | Pabèbèr mulat | Kumpêni akèh mati ||

22. Kaptin Bèbèr sigra mangsah ing ayuda | panggih lan Surapati | kapitan têtanya | sapa ranmu prawira | nauri sang adipati | hèh kapir ingwang | ya ingsun Surapati ||

23. kang jumênêng Dipati Wiranagara | prajurit sura sêkti | kang ngrusak Jakarta | mara sira bêdhila | Pabèbèr narajang aglis | sang adipatya | sigra wau binêdhil ||

24. wanti-wanti sinanjata datan pasah | malah têlas kang mimis | Radèn Surapatya | sigra malês anumbak | kapitan pan ora busik | putung kang watang | nulya tan narik kêris ||

25. Ki Pabèbèr sigra dènnya narik pêdhang | pinêdhang wanti-wanti | Radèn Surapatya | anging ta ora pasah | saksana angunus kêris | anuduk sigra | kapitan datan busik ||

26. pêdhangira kapitan sampun binuwang | dene dadi gulali | sira sang dipatya | curiganira sapta | sawiji

--- 62 ---

tan ana kari | kang băndayuda | dadya banting-binanting ||

27. Surapati sigra cinakot kang jăngga | ilêrira umili | nètèsi sarira | sigra sang adipatya | emut yèn patrême maksih | wontên ing êsak | sigra wau dèn ambil ||

28. dyan tinari Kapabèbèr ginoco kêna |[52] jaja bêngkah ngêmasi | ya ta kapisanan | komasaris tumingal | lamun Pabèbèr ngêmasi | miris ing driya | ya ta kasaput wêngi ||

29. rowang mungsuh apan ta kathah kang pêjah | wong dulangmangap ênting | sira panêmbahan | sampun mundur lon-lonan | ya ta wadyèng Surèngwèsthi | kang maksih aprang | rame rok silih-ungkih ||

30. winastanan dènnya aprang gêgorohan | dhatêng ing komasaris | ginariting nala | dening bala Mandura | akathah ingkang ngêmasi | tuwin Walănda | akêdhik ingkang kari ||

31. nanging balanira Dipati Jangrana | akêdhik ingkang mati | warnanên dipatya | sira Wiranagara | sampun amundhut turanggi | arsa mundura | dene

--- 63 ---

wayah wus wêngi ||

32. pun pakeling wastane ingkang turăngga | sigra dipun titihi | Kumpêni nyanjata | Tintak ingkang kinarya | mimise sajêruk lêgi | pan mimis êmas | ya ta sang adipati ||

33. duk samana kêna ing mimis kancana | walikatira kering | jola sang dipatya | tan pasah kulitnira | ing jêro karaos sakit | Sang Adipatya | Wiranagara runtik ||

34. pun pakeling sigra ingingêr mring ngarsa | arsa mangamuk malih | kang para santana | sami angrangkul pada | ana kang nyandhak kêndhali | samya karuna | ature mêlas-asih ||

35. para mantri prasamya matur sadaya | sarwi atawan tangis | gusti sang dipatya | sampun amanggut yuda | ing mangke sampun awêngi | ing benjang-enjang | dawêg umagut malih ||

36. sang dipati wêlas marang para putra | sigra mundur tumuli | dèn iring ing bala | ya ta kang kawuwusa | sira tuwan komasaris | lan panêmbahan | langkung anglês ing galih [ga...]

--- 64 ---

[...lih] ||

37. sampun mundur barise tiyang Mandura | tuwin bala Kumpêni | Panêmbahan Sampang | pan sampun uputusan |[53] dhatêng nagri Pranaragi | Pangran Purbaya | wus ingaturan mulih ||

38. panêmbahan lawan ngaturi uninga | lamun kasoran jurit | bala Sampang rusak | Kumpêni kathah pêjah | miwah pangran dèn aturi | mantuk mring praja | manawi tiwas jurit ||

39. kawarnaa Kanjêng Pangeran Purbaya | sampun praptèng Gulathik | Jêng Susunan Kendhang | abaris anèng Daha | Katawêngan ing Kadhiri | kinèn mapaga | ing yudane kang rayi ||

40. sigra budhal Ki Tumênggung Katawêngan | praptèng desa Gulathik | wus ayun-ayunan | lawan Pangran Purbaya | punggawa ing Kartawani | langkung prayitna | dènnya rumêksèng gusti ||

41. barisira pan lagya ayun-ayunan | kasaru duta prapti | saking Kartasura | utusane kang rama | timbalane sri bupati | Ki Sumabrata | kinèn ngipuk tumuli ||

42. Jêng

--- 65 ---

Pangeran Purbaya sigra utusan | marang nagri Kadhiri | saha mawi sêrat | punang duta umêsat | prapta nagari Kadhiri | Ki Sumabrata | apan sampun apanggih ||

43. punang sêrat apan sampun tinampanan | tinupiksa tumuli | ungêling nawala | hèh uwa Sumabrata | dika ngandikan sang aji | kinèn matuka |[54] mring Kartasura nagri ||

44. kangjêng rama arsa malês sih andika | milane dadya aji | pan sangking andika | duk anèng pabêthèkan | andika matur kakang ji | nulya jêng rama | anêkung ing Hyang Widi ||

45. mangke sampun tinêkan dening Hyang Suksma | tulus jumênêng aji | anèng Kartasura | Ki Patih Sumabrata | miyarsa ungêling tulis | mijil kang waspa | katiban sih narpati ||

46. sigra dandan lan saanak-rabinira | sigra minggat ing wêngi | tan kawarnèng marga | wus prapta pabarisan | lan pangeran wus apanggih | Ki Sumabrata | kinan[55] lajêng tumuli ||

47. mantuk marang ing nagari Kartasura |

--- 66 ---

sampun binaktan mantri | pan kinèn rumaksa | dhatêng Ki Sumabrata | prapta ing Kartasurèki | katur ing nata | ngandikan marang ngarsi ||

48. Ki Apatih Cakrajaya sarêngira | sapraptane ing ngarsi | sang nata ngandika | hèh Patih Cakrajaya | ing mêngko parentah mami | Si Sumabrata | maksiha kang bupati ||

49. atêtêpa wong sèwu lêlinggihira | ki patih awotsari | tan lêngganèng karsa | sigra Ki Sumabrata | binêkta mêdal tumuli | Ki Sumabrata | maksih dadya bupati ||

50. kawarnaa Pangran Dipati Purbaya | campuh dènira jurit | lan bala ing Daha | Tumênggung Katawêngan | ingkang dadya senapati | ramening yuda | anèng desa Gulathik ||

51. sakathahe punggawa ing Kartasura | myang bupati pasisir | kalangkung sudira | para prajurit Daha | wong Kartasura angungkih | gêmpang suh sirna | wong Kadhiri kèh mati ||

52. Ki Tumênggung Katawêngan wus lumajar | prapta nagri Kadhiri | matur ing sang nata | lamun tiwas ing yuda | balanira kèh ngêmasi | Susunan Kendhang | langkung gugup ing galih ||

53. sri narendra

--- 67 ---

wus lumayu ngidul ngetan | sawadyane kang ngiring | Pangeran Purbaya | prapta kilèn bangawan | arsa ngancik ing Kadhiri | sabalanira | kasaru ingkang prapti ||

54. sangking Sampang wus tundhuk lawan pangeran | duta umatur aris | kawula dinuta | dhatêng rama panduka | Panêmbahan Mandurèki | atur uninga | mangke kasoran jurit ||

55. wadya dulangmangap pan kasor sadaya | tuwin bala Kumpêni | pan tumpês sadaya | datan măngka[56] puliha | ingamuk mring Surapati | langkung prawira | tan mundur dèn bêdhili ||

56. jêng paduka katuran mantuk mring praja | bilih tiwas ing jurit | sigra Jêng Pangeran | Purubaya wus budhal | sawadyanira umiring | wus praptèng praja | panggih lawan sang aji ||

57. ênêngêna sira Sang Pangran Purbaya | kang anèng ing nagari | gênti winursita | sira sang adipatya | ing Pasuruan nagari | lami ayuda | wus kawan dasa ratri ||

58. saundure kêna ing mimis kancana | apan ta lajêng sakit | sakite kunduran | watawis pitung dina | para putra dèn timbali | tuwin sêntana | samya pêpak nèng ngarsi ||

59. Sang Dipati Wiranagara

--- 68 ---

mamêkas | sakèh nak putu mami | mêngko wruhanira | pasthi karsaning Suksma | yèn wus puput jênêng mami | karsaning Suksma | nanging dèn bisa kari ||

60. nanging iya sangkèhe anak manira | padha sun upatani | ayya manggih arja | lamun sira bêcika | kalawan tiyang Kumpêni | saturun ingwang | lamun ingsun ngêmasi ||

61. aja manggya basuki lawan wêkas ingwang |[57] yèn ingsun wus ngêmêsi |[58] kunarpa manira | pêndhêmên dèn warata | ayya sira wèhi kijing | miwah maesan | dêdimène si kapir ||

62. nora wêruh marang ing kunarpaningwang | riwusnya amamêling | Surapati lena | sagung kang para putra | miwah ingkang para rabi | samya karuna | sêsambate mlasasih ||

63. layonira Dipati Wiranagara | sampun pinêndhêm aglis | rinata kewala | datan mawi maesan | wawêlinge mangastuti | para sêntana | sami lara anangis ||

64. sapêjahe Dipati Wiranagara | sira Ki Mas Suraim | nênggih kang gumantya | putra sêpah pribadya | sampun jumênêng Dipati | Wiranagara | anadene kang rayi ||

65. akêkasih sira Radèn Surapatya [Su...]

--- 69 ---

[...rapatya] | namane kang wuragil | ran Suradilaga | sami gagah prakosa | nanging sira sang dipati | rusuh ambêgnya | anjamah para bibi ||

66. marmanipun tan sêkti kadya kang rama | warnanên sang dipati | ingkang kawarnaa | nagri ing Kartasura | wus mantuk kadi ing wingi | gêmah raharja | eca manah wong cilik ||

67. sri narendra langkung adil palamarta | dana lir banyu mili | ngapurèng dêdosa | asih mring wadyabala | miwah dhatêng pêkir mêskin | sri naranata | tan pêgad apêparing ||

68. milanipun wadyabala Kartasura | agêng alit samyasih | jrih bêkti ing nata | ya ta agênti warsa | pêparentah sri bupati | para satriya | miwah bala pasisir ||

69. kinèn samya nglurug marang Pasuruan | komasaris wus prapti | angirit Walănda | sagung para punggawa | Pasisir wus pêpak sami | nèng Kartasura | sami dandanan jurit ||

70. wadya Kêdhu Bagêlèn ingkang minăngka | rarêmbating Kumpêni | wadya ing Jêpara | ingkang anăngga pangan | wadya Sampang Surawèsthi | wadya papêrang | Pangeran Purbayèki ||

71. kang minăngka senapati ing ayuda | ngirid bala pasisir | myang wong Kartasura | sapalih ingkang milya | sigra umangkat [umang...]

--- 70 ---

[...kat] tumuli | mêdal têngahan | lampahe dadya siji ||

72. sampun lajêng sira Pangeran Purbaya | datan kawarnèng margi | prapta Kartasura | Panêmbahan Mandura | lan Dipati Surèngwèsthi | ing Wirasaba | anênggih kang dèn jogi ||

73. kawarnaa sira Kangjêng Sunan Kendhang | sampun miyarsa warti | yèn wong Surabaya | prapta ing Wirasaba | lawan Pangran Purbayèki | nèng Kartasana | tuwin bala Kumpêni ||

74. Sunan Kendhang lampahira kagegeran | sigra budhal tumuli | ngili ngidul ngetan | wadyane kuthetheran | ing dhungkul ingkang dèn jogi | wong Kartasura | sampun nabrang bênawi ||

75. myang Kumpêni datan pisah lampahira | Daha kêpanggih sêpi | Pangeran Purbaya | lajêng mring Wirasaba | panêmbahan wus apanggih | têmpur barisnya | miwah wong Surawèsthi ||

76. pan sadalu sipêng anèng Wirasaba | datan kawarnèng latri | enjing nulya budhal | ingkang dadya pangarsa | bala Sampang Surawèsthi | Pangran Purbaya | ingkang lumampah wuri ||

77. tan kawarna marga prapta ngardi dharat | masanggrahan tumuli | alami nèng ngrika | Dipati Janapura | gêrah sangêt nulya pamit |

--- 71 ---

mantuk mring praja | praptèng Jêpara lalis ||

78. kawarnaa para putra Pasuruan | Rahadèn Surapati | lan Suradilaga | seba mring Sunan Êmas | marang ing Dhungkul sira glis | ambêkta bala | sanêmbang winitawis ||

79. praptèng Dhungkul tundhuk klawan Sunan Kendhang | Rahadèn Surapati | lan Suradilaga | matur saha wotsêkar | patikbra anuwun idi | arsa mangguta | mêngsah kang lagya prapti ||

80. sadayane kandhêga ing lampahira | sang nata ngandika ris | iya bênêr sira | age nuli budhala | kang putra sigra tinuding | kalih kinarya | senapati ing jurit ||

81. Pangran Mangkunagara lan Pakuningrat | miwah kang para mantri | sangking Kartasura | sami kêbut sadaya | sawiji tan ana kari | sigra umangkat | ingantang dèn margani ||

82. mêsun ngalèr ing gargut lampahing bala | gênti ingkang winarni | Pangeran Purbaya | wus budhal saking dharat | lan wong Sampang Surawèsthi | sarêng umangkat | tuwin bala Kumpêni ||

83. lagya wau dènira lumampah |[59] wong Pasuruan prapti | tandange lir yaksa | narajang saking wuntat | wong Kartasura tan gingsir | para nayaka |

--- 72 ---

sami matur ing gusti ||

84. lamun mêngsah adhatêngi saking wuntat | Pangeran Adipati | Purbaya ngandika | saking luhuring kuda | pagutên sarwi lumaris | mungsuh kang prapta | nanging dèn ngati-ati ||

85. ayya kongsi owah iya tatanira | aja pêdhot lumaris | sagung pra nayaka | anulya mundur sigra | kang wuri sampun ajurit | wong Pasuruan | akèh longe kang mati ||

86. Pangran Purubaya eca alêlampah | Rahadèn Surapati | lan Suradilaga | anulya mundur sigra | angrasa tan angundhili | dènira yuda | wadyanira kèh mati ||

87. lajêng wangsul dhatêng nagri Pasêdhahan | kawarnaa sang aji | sira Sunan Kendhang | têdhak mring Pasuruan | anunggal lawan Dipati | Wiranagara | arsa ngawaki jurit ||

88. Sunan Kendhang sampun prapta Pasêdhahan | watawis tigang ratri | Pangeran Purbaya | anulya wau prapta | miwah kang bala Kumpêni | wadya Mandura | saking kidul dhatêngi ||

89. anut marganira Radèn Surapatya | wadya Bali tan uning | lamun tinututan | mring Kumpêni wong Sampang | dene anglangkungi biting | wong Pasuruan | samya kagyat tan sipi ||

90. lamun

--- 73 ---

tiyang Sampang Surabaya prapta | tuwin bala Kumpêni | samya kagegeran | sigra-sigra adandan | tuwin sira adipati | Wiranagara | arsa mapag ing jurit ||

91. sang dipati wus budhal sabalanira | prapta ing Sidagiri | Kumpêni tumingal | lamun mungsuhe prapta | sigra tinata kang baris | bala Mandura | lawan ing Surawèsthi ||

92. kang minăngka pangawat kering lan kanan | dene bala Kumpêni | ingkang dadya dhadha | mariyême tinata | nulya Radèn Surapati | mangsah ing rana | angamuk golong pipis ||

93. miwah sira Dipati Wiranagara | anêrêgakên dasih | myang Suradilaga | bala Kumpêni sigra | apan sami ambêdhili | mariyêm gurnat | gurnada sarêng muni ||

94. dadya bala Pasuruan kathah pêjah | binendrong dening bêdhil | ya ta ting jalêmpah | Panêmbahan Mandura | anungkêbi saking kering | wong Surabaya | saking kanan nungkêbi ||

95. dadya bala Pasuruan wus lumajar | pan kêkathahên tandhing | sagung para putra | lumayu dhatêng Malang | angumpul dadi sawiji | Susunan Kendhang | tan pisah lan dipati ||

96. wong têtiga ngrasa wani bêdhahira [bê...]

--- 74 ---

[...dhahira] | Pasuruan nagari | bala Kartasura | sampun manjing jro kitha | lawan tuwan komasaris | amasanggrahan | lawan sagung bupati ||

97. cinarita alami nèng Pasêdhahan | wadya lit kathah prapti | komasaris sigra | kinèn angulatana | ing layone Surapati | para sêntana | nanging datan pinanggih ||

98. kaku tyase komasaris nulya undhang | marang sagung wong bumi | sapanuduhêna | kubure Surapatya | sun ganjar reyal sabiting | wong Pasuruan | dadya lali ing gusti ||

99. ponang reyal apan sampun tinampanan | marang têtiyang bumi | tinuduhkên sigra | wau ing prênahira | kubure Ki Untung nênggih | apan rinata | ya ta datan katawis ||

100. dyan dhinudhuk layone Ki Surapatya | apan sampun kapanggih | gandanya angambar | kadya sêkar sataman | pan maksih wutuh kang jisim | kadya duk gêsang | gawok sakèh Kumpêni ||

101. wus binêkta wau dhatêng pasanggrahan | lininggihakên nuli | kursi ingurmatan | mariyêm kadi gêlap | gumrudug anggêgêtêri | sagung kapitan | nut nang myang komasaris ||

102. nyandhak tangan [tang...]

--- 75 ---

[...an] ing layon atêtabean | sadaya sami angling | hèh Sang Surapatya | tuhu prajurit mulya | pan sira lanang pribadi | pinasthi sira | dadi satru Kumpêni ||

103. dyan ingobong layoning sang adipatya | gêni nora nêdhasi | jisim maksih wêtah | komasaris bramantya | kang layon cinandhak aglis | nulya siniram | sagung ingarak api ||

104. sasampune siniram nulya ingobar | langkung agêng kang gêni | jisime dipatya | gêsêng dening dahana | wus dadi awu dèn ambil | sagung Walănda | ngambil awuning jisim ||

105. komasaris kalangkung trustha tyasira | myang sagunging Kumpêni | nulya kèn akarya | loji gêmbong wus dadya | sigra jinagan Walandi | mariyêmira | pinasang baluwarti ||

106. komasaris sigra anumpak baita | mantuk dhatêng Samawis | Pangeran Purbaya | kondur miyos ing dharat | bala Kumpêni sapalih | tumut pangeran | sapalih nèng jaladri ||

107. pra punggawa saparo ingkang binêntang | saparo maksih baris | anèng Pasêdhahan | Panêmbahan Mandura | wus budhal bala angiring [angi...]

--- 76 ---

[...ring] | mantuk mring praja | datan kawarnèng margi ||

108. panêmbahan lampahe wus prapta Kamal | padesan Mandurèki | apan lajêng gêrah | pangeran lajêng seda | para putra anungkêmi | layoning rama | pan sampun dèn bêrsihi ||

109. wusnya sukci binêkta mantuk mring Sampang | ya ta ingkang winarni | Pangeran Purbaya | wus praptèng Kartasura | lajêng tumamèng jro puri | kalangkung trustha | galihira narpati ||

110. ingkang rayi wau kinèn gumantia | Pangran Balitar nênggih | kacatur wus budhal | angluruk dhatêng Malang | sawadyanira umiring | saha turăngga | gêgaman tinon asri ||

111. mantri gandhèk Ngabèi Wirasantika | wau kinèn umiring | mring Pangran Balitar | datan kawarnèng marga | nagri Pasêdhahan prapti | wus panggih lawan | sagung para bupati ||

112. Jêng Pangeran Balitar sigra umangsah | dhatêng Malang nagari | myang sagung punggawa | ya ta kang kawarnaa | Wiranagara Dipati | saarinira | sampun miyarsa warti ||

113. lamun mêngsahira ing mangke wus prapta | sigra dandan tumuli | lan pêpatihira | Ngabèi Lor siyaga | Ngabèi Kidul tan kari | sigra umangkat | ananggulangi jurit ||

--- 77 ---

114. sigra campuh lawan bala Kartasura | kapanggih padha wani | bala Pasuruan | tangkêbe prit-anêba | dènnya ngamuk golong pipis | wong Kartasura | panggah datan gumingsir ||

115. ramening prang kang mati sungsun atumpang | rame rog silih-ungkih | bala Pasuruan | binendrong ing sênjata | akathah ingkang ngêmasi | wênèh kabranan | lir udan sinêmèni ||

116. myang Ngabèi Kidul prasamya bramantya | umangsah marang ngarsi | lan Bun Jaladria | Êbun Jalapinatya | Bun Jalaloka tan kari | ngamuk manêngah | Dêmang Gêmpung tan têbih ||

117. Arya Jayaningrat mangsah ngadilaga | lawan Răngga Jaladri | Lêbu Gadrug sira | Lêmbu Giyêng nèng ngarsa | miwah Lêmbu Wanasrênggi | myang arinira | Sang Lêmbu Pothapathi ||

118. mantri kalih nêlas tandange lir yaksa | kang tinarajang gusis | anumbak anigas | rusak wong Kartasura | akathah longe kang mati | kang maksih gêsang | sami arêbut urip [uri...]

--- 78 ---

[...p] ||

119. Jêng Pangeran Balitar asru ngandika | hèh sagung para mantri | samya ngawakana | yya ngandêlakên bala | kang ingatak atur bêkti | sarêng tumandang | tan ana ngucap ajrih ||

120. para mantri Kartasura tandangira | lir buta măngsa daging | wong ing Pasuruan | saya karoban lawan | Ngabèi Lor wus ngêmasi | Warasantika |[60] wau ingkang mêjahi ||

121. Angabèi Kidul apan wus palastra | Bun Jaladria mati | Bun Jalapinatya | murdanira tinigas | Bun Jalaloka ngêmasi | kathah kang pêjah | murda sami kacangking ||

122. Lêmbu Wana Dêmang Kalasrênggi pêjah | Lêmbu Gadrug ngêmasi | Lêmbu Giyêng pêjah | punggawa Kartasura | yèn tinon kadi rasêksi | măngka syanira | jajaknya kuthah gêtih ||

123. sirna larut wadyabala Pasuruan | sapêjahe ki patih | tanbuh dèn adua | prajurite wus sirna | nira Radèn Surapati | arsa ngamuka | sang dipati ngalangi ||

124. para putra [pu...]

--- 79 ---

[...tra] Pasuruan wus lumajar | angungsi ing wanadri | miwah Susunan Mas | galihe kagegeran | sigra minggah marang wukir | sawadyanira | ing Dhungkul kang dèn ungsi ||

125. praptèng Dhungkul kang wadya kenging wawêlak | akathah kang ngêmasi | ya ta Sunan Kendhang | têdhak dhatêng Balitar | sakèhe mantri kang sakit | samya waluya | rêrêm manah wadya lit ||

126. sabêdhahe nagari ing Pasuruan | tanbuh ingkang dèn ungsi | Kangjêng Sunan Kendhang | tan sae pirêmbagan | kalawan kang para mantri | kang wadyabala | sinambêr dhandhang putih ||

 


Judul tambahan dari redaksi. (kembali)
Tumênggung. (kembali)
Ungaran. (kembali)
loji. (kembali)
sanga likur. (kembali)
Kurang satu suku kata: nuwun wangsul patikbra. (kembali)
sang. (kembali)
tan. (kembali)
Tanggal: gapura kalih winayang janma (AJ 1629). Tahun AJ 1629 jatuh antara tanggal Masehi: 26 April 1705 sampai dengan 14 April 1706. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: rumêk ingkang para garwa. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: sampun prapta ing Ngungaran. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: amasanggrahan sang katong. (kembali)
13 parentahipun. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: sapuluh-puluh kisanak. (kembali)
15 Si. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: amiyarsa pangandikaning gusti. (kembali)
17 sumahab. (kembali)
18 pungkur. (kembali)
19 pangamukira. (kembali)
20 ngobrak-abrik. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: ingkang paman kalamun mênang jurit. (kembali)
22 Kurang dua suku kata: pra santana kang wontên Bayalali. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: inggih sampun kawula kesah nêlik. (kembali)
24 abdi. (kembali)
25 arum. (kembali)
26 munggèng. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: aso dènira amuwus. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: yèn suwawi anak prabu. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: sira tunggangêna kêbo sarwi mungkur. (kembali)
30 nangis. (kembali)
31 tunggil. (kembali)
32 Kurang satu suku kata: tunggil wulan ingkang putra kendhangipun. (kembali)
33 Lebih satu suku kata: lan Pangeran Natakusuma tan kantun. (kembali)
34 Kurang satu suku kata: ing wartane Jêng Pangeran Mantawis. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: ningali kang Sapujagad. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: wus tan na pakewuh wuri. (kembali)
37 binêkta. (kembali)
38 sang. (kembali)
39 timbali. (kembali)
40 Kurang satu suku kata: sakathahe punggawa kang samya nungkul. (kembali)
41 kakang. (kembali)
42 lêlinggih. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: tuwin Ki Purbaya ingsun paringi. (kembali)
44 mantuk. (kembali)
45 sang. (kembali)
46 suprandene. (kembali)
47 Kurang satu suku kata: Sunan Kendhang sampun prapta ing Madiun. (kembali)
48 Tanggal: sirna guna angrasa wani (AJ 1630). Tahun AJ 1630 jatuh antara tanggal Masehi: 15 April 1706 sampai dengan 3 April 1707. (kembali)
49 Lebih satu suku kata: sakapraboning jurit. (kembali)
50 Kumpêni. (kembali)
51 lan. (kembali)
52 Lebih satu suku kata: dyan tinari Pabèbèr ginoco kêna. (kembali)
53 aputusan. (kembali)
54 mantuka. (kembali)
55 kinèn. (kembali)
56 măngga. (kembali)
57 Lebih satu suku kata: aja manggya basuki lan wêkas ingwang. (kembali)
58 ngêmasi. (kembali)
59 Kurang dua suku kata: lagya wau dènira arsa lumampah. (kembali)
60 Wirasantika. (kembali)