Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847 (Pupuh 04–06)

Judul
Sambungan
1. Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847 (Pupuh 01–03). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847 (Pupuh 04–06). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 21-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

4. Dhandhanggula

1. langkung sungkawa sri narapati | Sunan Kendhang sigra aputusan | dhatêng kumêndur sirage | mantri kalih ingutus | apan sampun binaktan tulis | caraka sigra mêsat | tan kawarnèng ênu | lampahira aglis prapta | Surabaya wus panggih lawan Kumpêni | caraka atur surat ||

2. sigra tinampèn kang punang tulis | tinupiksa ungêling nuwala | Sunan Kendhang panungkule | saèstu mintak ampun [ampu...]

--- 80 ---

[...n] | dhatêng sagung para rat-pêni | kumêndur suka ing tyas | alon dènnya muwus | hèh duta sira matura | yèn sang nata têmên arsa abêdhami | lan Kumpêni sadaya ||

3. gustinira sunan sun aturi | tumêdhaka marang Surabaya | besuk yèn prapta ing kene | apa sakarsanipun | sayêktine kula jurungi | yèn arsa madêg nata | mulih duk karuhun | anèng nagri Kartasura | punang duta nulya sami pinisalin | kulambi sabuk wastra ||

4. punang duta wus tinundhung aglis | duta mêsat praptèng ngabyantara | sigra matur ing gustine | langkung suka sang prabu | amiyarsa turing Kumpêni | sang nata sigra dandan | saha wadyanipun | warnanên Pangran Balitar | wus utusan dhatêng Sunan Kendhang aglis | anuwun babêrkatan ||

5. waos Ki Barubajo Ki Gondhil | miwah dhuwung Kiyai Bêlabar | kang dinuta mêsat age | agêpah lampahipun | sampun prapta ngarsèng narpati | punang duta turira | kawula ingutus | dhumatêng rayi paduka | Jêng Pangeran [Pa...]

--- 81 ---

[...ngeran] Balitar rayinta nênggih | ngaturakên kang sêmbah ||

6. lawan malih kawula tinuding | anêdha sagung ingkang pusaka | rama paduka kang akèn | amundhut Kyai Baru | lan rasukan Kiyai Gondhil | susunan dêlingira | apan èsmu bêndu | lah warahên si sudama | yèn dhèwèke kinongkon mring paman aji | mundhut kang babrêkatan ||

7. besuk yèn ingsun praptèng nagari | Surapringga dhuwung waos ingwang | miwah Kiyai Bicake | sun saoske gustimu | ingsun mangke dipun aturi | tindak mring Surabaya | lawan wadyaningsun | Kumpêni ingkang angundang | apanggiha lan ingsun nèng Surawèsthi | punang duta wus mêsat ||

8. saulihe caraka sang aji | nulya dhatêng nagri Surapringga | Kumpêni amêthukake | pêpanggihan ing ênu | Sunan Kendhang wus dèn aturi | tumanduka mring praja | lajêng lampahipun | wus prapta ing Surabaya | masanggrahan anèng wismane Dipati | Jangrana saha wadya ||

9. Kumpêni kurmatira nglangkungi | tuwin Sang Adipati

--- 82 ---

Jangrana | langkung pangupa subane | pan sêgahira pênuh | awaradin dhatêng pakathik | sagung kang ngiring nata | suka manahipun | Adipati Surapringga | munggèng ngarsa abukuh dènira linggih | myang Kumpêni sadaya ||

10. Tuwan Kumêndur umatur aris | yèn suwawi gusti sri narendra | lêhêng tumanduka age | mring Samarang pukulun | anggaliha lan komasaris | benjang yèn sampun prapta | Samarang sang prabu | lajênga mring Kartasura | pan paduka jinunjung dening Kumpêni | amêngku tanah Jawa ||

11. langkung trustha galihe narpati | amiyarsa Kumpêni turira | tuwin sagung ing balane | tan wruh ing ujar êmpuk | sigra wontên caraka prapti | saking Pangran Balitar | kawula ingutus | anênggih kang pasêmayan | Sunan Kendhang asugal dènira angling | warahên si sudama ||

12. halah disusul mring Surawèsthi | besuk yèn wus prapta Kartasura | dhuwung sun wèhakên dhewe | punang duta glis wangsul | sampun prapta ngarsaning gusti | katur kang pangandika | Sunan Kendhang [Ke...]

--- 83 ---

[...ndhang] wau | Pangran Balitar nglingira | dèn wêruha wong tuwa cidra ing jangji | ingsun kasap kewala ||

13. ya mulane tan tulus dadya ji | Si Kêncèt atine tan raharja | nora têmên saujare | ya ta ingkang winuwus | Susunan Mas binakta aglis | minggah parau kapal | kang wadya kèh tumut | myang sawêkadharanira | tuwin sagung pusaka binakta sami | minggah dhatêng ing kapal ||

14. Sinuhun Pakubuwana nênggih | wus utusan dhatêng Surapringga | mundhuti Wiragunane | lan Mandurarêjèku | Arya Biron pinundhut mangkin | myang Arya Pulangjiwa | Mangunnagarèku | kumêndur datan lênggana | Sunan Kendhang wus macal[1] wadya angiring | binakta mring Jakarta ||

15. kêkalih mantri angrasa wani | ênêngêna ingkang lajêng mancal | ya ta kawarnaa mangke | kang mêntas mêrang pupuh | nagri Malang wus dèn obongi | mring wadya Balitaran | gègère gumuruh | Dipati Wiranagara | lan arine ngungsi dhatêng ing wanadri | arine binoyongan ||

16. nagri bang wetan sampun waradin [wa...]

--- 84 ---

[...radin] | arine Dipati Pasuruan | pawèstri binoyong mangke | punggawa pace iku | kang pinundhut mring sri bupati | Kiyai Wiraguna | lan sawadyanipun | kasrah mring Pangran Balitar | Arya Pulangjiwa pan minggat ing wêngi | umpêtan dhatêng wana ||

17. wau Arya Pulangjiwa nênggih | kala jênênge Susunan Êmas | Pangran Balitar wastane | sarêng Kendhang Sang Prabu | têluk marang Kartasura glis | pinundhut jênêngira | karsanya sang prabu | sampun nyênyami kang putra | winastanan Arya Pulangjiwa nênggih | mila sakit kang driya ||

18. nulya minggat nusul mring Kadhiri | mangke pinundhut marang sang nata | ki arya sangêt ajrihe | ing mangke sampun katur | yèn ki arya minggat ing wêngi | Jêng Pangeran Balitar | sangêt dukanipun | Ki Tumênggung Suralaya | Ki Barêbês wau kang kinèn ngulari | anasak wanawasa ||

19. Arya Pulangjiwa wus kapanggih | nèng madyaning wana Pasêdhahan | nulya pinêjahan age | murda pinocok sampun |

--- 85 ---

Ki Tumênggung Suralayèki | mantuk sawadyanira | praptèng ngarsa matur | dhatêng Pangeran Balitar | yèn Ki Arya Pulangjiwa wus ngêmasi | pangran trusthèng wardaya ||

20. Jêng Pangeran Balitar lingnya ris | Kandhuruan lawan Wilatikta | karoningsun kongkon age | lah iki layang ingsun | aturêna kangjêng rama glis | lan sakèh bêboyongan | pawèstri yu-ayu | kang saking nagara Malang | aturêna ing rama jêng sri bupati | kang kinon atur sêmbah ||

21. lan malihe Si Wiragunèki | Arya Tiron Si Wiranagara | tuwin Mandurarêjane | kapat gawanên mantuk | poma sira dèn ngati-ati | sira anèng ing marga | kang kinèn wotsantun | Kandhuruan Wilatikta | sigra mentar datan kawarna ing margi | prapta ing Kartasura ||

22. panggih lawan Cakrajaya panggih | Kandhuruan dyan binêkta seba | katur ing nata praptane | wus tinimbalan gupuh | tumamèng byantara narpati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | sang nata alon ngandika | Kandhuruan ingutus apa sirèki | marang

--- 86 ---

ing gustinira ||

23. kang dinangu matur awotsari | dhuh pukulun kawula dinuta | mring putra dalêm wiyose | dahat anuwun bêndu | kamipurun ngaturi tulis | mèsêm sri naranata | kang sêrat pinundhut | nulya wau tinupiksa | mring sang nata wau bêbukaning tulis | kawula tur uninga ||

24. ing paduka jêng rama nêrpati | mangke kawula lananging yuda | angsal barkating rama jèng | nagari Malang gêmpur | pun Ngabèi Êlor ngêmasi | Ngabèi Kidul pêjah | nèng madyaning pupuh | dene ingkang amarjaya | abdi dalêm pun Wirasantika nênggih | langkung sudirèng rana ||

25. dene anakipun Surapati | pun Suraim lumajêng ing wana | lan pun Lêmbu Lêmbarane | prajurit kathah lampus | lan pawèstri kathah kang kari | katawan mring kawula | katura sang prabu | kabêkta pun Wilatikta | lawan malih pun Wiraguna anênggih | kalih Mandurarêja ||

26. katura jêng rama sri bupati | Arya Tiron lan Mangunnagara | nanging pun Pulangjiwane | minggat kalaning dalu | pan kacandhak [ka...]

--- 87 ---

[...candhak] wontên wanadri | pan lajêng pinêjahan | kang murda jinabut | dene nagari bang wetan | sawarnine pukulun sampun waradin | sami nungkul sadaya ||

27. nanging pusaka ing tanah Jawi | binakta ing dhatêng Batawiyah | kawula têdha tan awèh | langkung ngungun sang prabu | sapandurat tan kêna angling | wêkasan angandika | mring Cakrajayèku | hèh patih pangrasaningwang | nadyan kabèh pusaka ing tanah Jawi | binakta marang sabrang ||

28. ingkang rupa bêndhe tumbak kêris | apan nora dadi manah ingwang | nanging sok maksiha bae | santana Ngadilangu | lawan masjit ing Dêmak patih | lah iya wruhanira | rong prakara iku | pusaka ing tanah Jawa | ingkang anggêr datan ana malih-malih | ki patih atur sêmbah ||

29. sri narendra angandika malih | Cakrajaya sira utusana | marang ing Malang dèn age | nimbali putraningsun | tuwin sagung para bupati | kabèh padha muliha | barênga nak ingsun | ki apatih awotsêkar | sampun [sampu...]

--- 88 ---

[...n] mêdal wau saking kênyapuri | praptaning wijil pisan ||

30. prayayi gandhèk ingkang tinuding | animbali Pangeran Balitar | lumaksana ing lampahe | datan kawarnèng ênu | pabarisan duta wus prapti | panggih Pangran Balitar | dhinawuhan sampun | sira Pangeran Balitar | sampun undhang mring sagung para bupati | enjinge arsa budhal ||

31. tan winarna ing laminirèki | Pangran Balitar anulya budhal | kang wadya umyang swarane | pra putra Mandurèku | agêng alit samya angiring | marang Pangran Balitar | kang rama wus lampus | datan kawarna ing marga | lampahira nagri Kartasura prapti | katur marang narendra ||

32. ingkang putra aglis dèn timbali | tuwin sagung kang para prawira | tumamèng ngabyantarane | wus cundhuk lan sang prabu | sumêsêg kang para dipati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | nata alon angandika | putraningsun ki dipati dene lami | gonira andon yuda ||

33. Pangran Balitar matur ngabêkti | milanipun alami [ala...]

--- 89 ---

[...mi] patikbra | langkung èwêt prakawise | gumujêng sang aprabu | ingkang putra kinuswa sami | rinangkul jangganira | ingaras kang êmbun | ingsun kaki nora nyana | lamun sira widagdaya mangun jurit | pangeran atur sêmbah ||

34. ingkang putra sampun kinèn mijil | tuwin sagung kang para prawira | sami mantuk mring dalême | samya suka ing kalbu | nagri dalêm pan sampun radin | datan ana malanga | ing karsa sang prabu | lamine datan kocapa | dina Soma sang nata miyos tinangkil | andhèr kang wadyabala ||

35. Patih Cakrajaya munggèng ngarsi | lawan Tumênggung Kartanagara | miwah Ki Wiracanane | răngga dêmang tumênggung | pêcattăndha lan ăndhamoi | ngabèi sinang arya | pan jêjêl supênuh | bupati măncanagara | myang pasisir sangking anglurug ing nguni | sampun sami sewaka ||

36. jêjêl andhèr ing ngarsa narpati | jêng sinuhun lênggah ing dhêdhampar | bupati bukuh lungguhe | ngandika sang aprabu | Cakrajaya sira apatih [apa...]

--- 90 ---

[...tih] | sira mupakatêna | ing timbalan ingsun | ing mêngko Si Citrasoma | ingsun junjung lungguhe têka pratiwi | sun sêngkakkên ngawiyat ||

37. ingsun arani Si Adipati | Citrasoma lan iya sun ganjar | nagri Japara lungguhe | Si Wirasantikèku | apan ingsun karya bupati | ngong ganjar nagri Jipang | arana Tumênggung | Surawijaya ing Jipang | lan sun karya wadana măncanagari | lawan Si Jayaningrat ||

38. apan ingsun arani Dipati | Jayaningrat lawan ingsun ganjar | nagari Pakalongane | lan Pusparuditèku | ingsun ganjar Batang nagari | lan sun paringi aran | jênênga Tumênggung | Pusparudita ing Batang | lan Si Warasêmita sun junjung linggih | nagara Wirasaba ||

39. Pangran Balitar umatur nênggih | inggih kawula anuhun duka | pun paman Cakraningrate | mangkya atilar sunu | kaatura sri narapati | aran Cakranagara | dene putunipun | kêkalih pan sami priya | patut saking rabi têtariman nguni | katura ing

--- 91 ---

paduka ||

40. mèsêm sang nata ngandika aris | hèh apatih nagara ing Sampang | sira pratêlua mangke | ingkang saduman iku | putu karo ingsun paringi | aran Suryadinata | Sasrawinatèku | dene ingkang kalih duman | ana ingsun Sasranagara gumanti | jumênênga ing Sampang ||

41. lawan ingsun paringi kêkasih | aranana Pangran Cakraningrat | Si Wiraguna ing mangke | myang Mandurarêjèku | karo padha anèng ing mami | Kyai Mangunnagara | Arya Tiron iku | padha sun nilihkên aran | Arya Tiron Si Sêcayuda namèki | Kyai Mangunnagara ||

42. aran Ki Martadipa ing mangkin | sinungakên pangeran dipatya | Ki Wiraguna ing mangke | sinalinan jêjuluk | aran Dipanagara nênggih | Ki Wabru ing Santênan | pinaringkên sampun | dhatêng Pangeran Purbaya | sira Panji Tohpati sinungkên aglis | mring Pangeran Balitar ||

43. sampun jêngkar dènira tinangkil | sri narendra kondur angêdhatyan | kang sewaka bubar [bu...]

--- 92 ---

[...bar] kabèh | nêngêna sang aprabu | komasaris ingkang winarni | saundure ngayuda | Pasêdhahan wau | lajêng dhatêng Batawiyah | abicara lawan sagung ing rat-pêni | diya mring Tuwan Jendral ||

44. lamun dipati ing Surawèsthi | kalanira aprang Pasêdhahan | ingaran gêguyon bae | rat-pêni sampun rêmbug | jendral arsa ngaturi tulis | marang sri naranata | nuhun pêjahipun | Sang Adipati Jangrana | yèn sang nata wau datan anglilani | sagung rat-pêni diya ||

45. nêdya sami amutung ing galih | duta Kumpêni sigra umêsat | datan kawarna lampahe | Kartasura wus rawuh | lan kapitan sampun apanggih | nulya suka uninga | mring ki patih wau | Ki Cakrajaya samana | enjingira lajêng sowan mring narpati | dalu datan winarna ||

46. lampahira Cakrajaya Patih | ya ta mampir ing loji samana | wus panggih lan kapitane | kapitan sampun tundhuk | sowan dhatêng sri narapati | surat agêng binêkta | wus praptèng kadhatun [kadhatu...]

--- 93 ---

[...n] | katur ing sri naradipa | tinupiksa bêbukane ingkang tulis | saking gurnadur jendral ||

47. nuhun pêjahe sang adipati | Surabuya[2] mirong ing palagan | sarta akathah ature | kapita sang aprabu | amiyarsa ungêling tulis | duka sajroning driya | muka sumung-sumung | èsmu bang awinga-winga | sotya andik sinamur sêmu tyas aji | alon wijiling sabda ||

48. hèh Apatih Cakrajaya aglis | kapitan sira gawaa mêdal | aja kuwatir manahe | ki apatih wotsantun | sampun prapta sira ing jawi | kapitan sarêng mêdal | marang lojènipun | ya ta wau sri narendra | siniwaka wau munggèng kênyapuri | arsa mangun pirêmbag ||

49. sampun dalu wayahe kang wêngi | Patih Cakrajaya tinimbalan | lawan Ki Citrasomane | lan Ki Wirasanèku | katri munggèng ngarsa narpati | ngandika sri narendra | hèh Cakrajayèku | kaya paran karêpira | liwat abot prakara kang muni tulis | panjaluke si jendral ||

--- 94 ---

50. jaluk patine si adipati | Surabaya iya Si Jangrana | măngka praja pikukuhe | prasasat raganingsun | apan bauningsun kang kering | kang têngên ing Mandura | ing mêngko wus lampus | dadi kari bau kiwa | sayêktine hèh patih cotho ing kardi | tan ana kang ginarab ||

51. yèn tulusa jinaluk Kumpêni | Si Jangrana apan nora cêla | panjênêngan ingsun mangke | ki apatih wotsantun | datan sagêd matur ing gusti | myang Kyai Citrasoma | Ki Wiracanèku | katri sumungkêm pratala | datan sagêd mangsuli pangandika ji | angling sri naradipa ||

52. wong katiga yèn si adipati | Surabaya mungguh wong Walănda | iku akêdhik dosane | tuwin mring jênêng ingsun | nora nana dosane ugi | yèn mêngkono ta sira | utusana gupuh | marang ing besan Sêmarang | lah jalukên rêmbuge ingkang abêcik | êndi patut linakyan ||

53. tuwin layang kang saking Bêtawi | wangsulana [wangsula...]

--- 95 ---

[...na] warahên si jendral | aja kuwatir atine | anjaluk patinipun | si dipati ing Surawèsthi | ing mêngko Si Jangrana | anèng nagrinipun | lamun kinasap kewala | nora wurung gawe rusake wong cilik | lah warahên si jendral ||

54. lamun gêdhe nagri Surawèsthi | Si Jangrana abandhu santana | lawan akèh prajurite | ya wis mêtua gupuh | layang iki marang Samawis | dèn age lumakua | kang patih wotsantun | katri punggawa wus mêdal | saking pura sapraptanira ing jawi | Ki Patih Cakrajaya ||

55. nulya panggih lan duta Kumpêni | sêrat dalêm sinungakên sigra | kang duta wus mêsat age | Ki Cakrajaya gupuh | aputusan dhatêng Samawis | lumampah dhadhêmitan | tan ana kang wêruh | tuwin dhatêng Surabaya | Ki Apatih Cakrajaya kintun tulis | mring Dipati Jangrana ||

56. sampun sami mêsat kang tinuding | tuwin dutane Kumpêni prapta | mring nagari Samarange | kang sêrat angsul-angsul | sinungakên mring komasaris [ko...]

--- 96 ---

[...masaris] | pan sampun tinupiksa | sêrat ungêlipun | komasaris langkung suka | amiyarsa ijoaning punang tulis | linajêngakên sigra ||

57. sêrat dhatêng nagri ing Batawi | kawarnaa utusaning nata | ingkang dhatêng Samarange | apan sampun katêmu | lawan Adipati Samawis | sêratira narendra | sinungakên sampun | aglis wau tinupiksa | kagyat ngungun wau Dipati Samawis | sarwi angusap jaja ||

58. sang dipati sigra anênulis | sinungakên wau ing utusan | caraka wus mêsat age | datan kawarnèng ênu | duta nata pan sampun prapti | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | sêrat kang saking Samarang | sampun katur tinupiksa ing narpati | bêbukaning nawala ||

59. prakawis gusti sri narapati | amundhut ature pun Dipatya | Suradimanggala mangke | Kumpêni anênuwun | ing pêjahe pun Adipati | Jangrana Surabaya | langkung èngêtipun | upami pinaringêna | pun dipati dadya manggalèng narpati | pikukuhing rat Jawa ||

60. yèn tan suka paduka dewaji [dewa...]

--- 97 ---

[...ji] | yêkti awon kalayan pun jendral | Kumpêni sangêt pamrihe | bêbeka ing sang prabu | kèndêl nata dangu tan angling | putêk sajroning driya | pan tansah angungun | mirsa ungêling nawala | kawarnaa duta gandhèk sampun prapti | nagari Surabaya ||

61. sampun panggih lawan sang dipati | sêrat dalêm sinungakên sigra | ya ta tinupiksa age | Dipati Surèngkewuh | amiyarsa ungêling tulis | jêngêr datan angucap | wêkasan amuwus | animbali mantrinira | aran Wiratantaha mantri prajurit | lipat pasang graita ||

62. Wiratantaha caritanèki | sutanira Tumênggung Sapajang | sang dipati langkung sihe | sampun prapta ing ngayun | ingkang rayi dipun timbali | Arya Jayapuspita | miwah arinipun | sira Panji Surèngrana | wontên malih arine ingkang wuragil | ran Panji Kartayuda ||

63. katri pan sami sinung upêksi | surat dalêm ingkang lagya prapta | pan mangkene surasane | kang rayi sarêng matur | lêhêng pêjah madyaning jurit | paduka botên [botê...]

--- 98 ---

[...n] dosa | marang sang aulun | pan kapir dahat niaya | yèn suwawi lêhêng pinagut ing jurit | angur pêjah mêrgagah ||

64. Dêmang Wiratantaha ing nguni | aturira lir pendah kukila | gusti sang dipati mangke | sampun manggut ing pupuh | yêkti risak kang kantun wuri | sang dipati lingira | bênêr ing aturmu | nadyan tumêka ing pêjah | sun labuhi nanging ari-ari mami | tulusa suka wirya ||

65. ri têtiga matur sarwi nangis | anungkêmi padane sang raka | amlas-arsa sêsambate | dhuh kakang dawêg ngamuk | suka ingsun pêjah ing jurit | tan arsa kantun wirya | lêhêng sarêng lêbur | sang adipati lingira | waspa mijil lah padha mênênga yayi | măngsa bodhoa ingwang ||

66. mila Sang Dipati Surèngwèsthi | kêdah dipun labuhi pribadya | bilih kawanguran têmbe | mring Kumpêni sang prabu | têmah rusak galih narpati | myang Dêmang Tanpanaha | sangêt aturipun | yèn paduka mêrgagaha | botên kalab anak putu dika benjing | ing sawingking paduka ||

67. pasthi kaliha ing Surawèsthi | sampun [sa...]

--- 99 ---

[...mpun] rêmbug Dipati Jangrana | sampun budhal sakadange | datan kawarnèng ênu | sakathahira sang adipati |[3] wus praptèng Kartasura | jujug wismanipun | dalême ing Surabayan | cinarita sampun dhatêng Kalicacing | datan wontên timbalan ||

68. kawarnaa komasaris prapti | Kartasura katur ing narendra | ngatasakên samuwune | Dipati Jangranèku | langkung onêng sri narapati | Surabaya tan pêgat | pan tinantun-tantun | ature sang adipatya | anglabuhi ing tapanira pribadi | pêjahipun kaura ||

69. panuwunipun sang adipati | pan nagari dalêm Surabaya | kang sinaosakên mangke | pun Jayapuspitèku | yèn marêngi galih narpati | sumiwèng Surabaya | mangkana cinatur | Sang Adipati Jangrana | sabên ari Sênèn Kêmis arêrêsik | madhêp ing karsa nata ||

70. duk sêmana amarêngi Kêmis | pêpak sagung ing mantri kang seba | myang punggawa satriyane | Dipati Surèngkewuh | dènnya sowan pan lagi prapti |

--- 100 ---

dèn iring para kadang | miwah mantrinipun | ki dipati tinimbalan | manjing pura ing kêmandhungan wus prapti | sigra Ki Garwa kăndha ||

71. lurah sarta lulus lawan malih | Nayagarwa lan Singanagara | kalih narik curigane | sang dipati sinuduk | pranèng jaja nulya ngêmasi | lan mantri jro sadaya | sarêng marjayèku | sirarya Jayapuspita | wruh ing wadi dene ta sang adipati | dangu tan ana mêdal ||

72. wadyanira samya dèn kêjèpi | wong Surabaya samya siyaga | miwah kang anèng pondhoke | sadaya sarêng rawuh | saragêni lan talangpati | abaris ing pagongan | arsa soroh amuk | watara wong kalih nambang | para mantri Kartasura ngati-ati | anarka dadya yuda ||

73. Ki Tumênggung Sumabrata prapti | saking pura dhawuhkên timbalan | hèh Ki Jayapuspitane | timbalane sang prabu | kakangira sang adipati | pinatèn ing sang nata | tanpa dosa tuhu | uripe karya narendra | mangkya mati angingêrakên nagari | sira kang gumantia ||

--- 101 ---

74. alinggiha anèng Surawèsthi | ayya dadi onênging tyasira | Arya Jayapuspitane | mirsa timbalan prabu | waspanira adrês kang mijil | krodhanira sinapyan | sampunnya rawat luh | Ki Arya Jayapuspita | abêbisik marang Ki Sumabrata ris | kawula aturêna ||

75. dene kawula wus wruh kang wadi | pêjahipun kakang adipatya | wontêna dadya margane | ingkang sikara tuhu | pan kawula arsa nglabuhi | lan kang abdi sadaya | abela tumuntur | nanging kawula margagah | yèn kalilan sang nata sadintên mangkin | anumpêsi Wêlănda ||

76. Ki Sumabrata wus mêsat aglis | tumamèng pura cundhuk lan nata | sampun katur saature | Ki Jayapuspitèku | langkung èmêng galih narpati | pangulu ingandikan | suranata juru | samya kinèn andêdonga | pamrihira liliha krodhane uni | Arya Jayapuspita ||

77. Ki Sumabrata malih tinuding | mêdal saking pura wus apanggya | lan Arya Japuspitane | andhawuhakên wuwus | lah

--- 102 ---

ki arya timbalan aji | sri narendra tan arsa | mangkono sirèku | baris anèng panangkilan | wikan mangke yèn pakênira wus mijil | lawan sawadyanira ||

78. Arya Jayapuspita wus nolih | ambubarakên barisanira | wus bubar saha wadyane | lampahe ting kalênthung | ririh datan ngagèt-agèti | kadya wilangan tindak | wadya gung tan carub | lawung agathik tan ana | wong awatuk miwah ingkang nolih-nolih | lan rowange tan ana ||

79. sampun prapta sakiduling masjit | sajatining pamondhokanira | gêgaman sami anolèh | marêg mring alun-alun | datan owah tataning baris | wong sawiji tan ana | ingkang lajêng mantuk | marang pamondhokanira | lajêng gêgêr barisnya mêpêti margi | katur ing sri narendra ||

80. langkung wagugên tyasira aji | dene Ki Arya Jayapuspita | arsa angrêbut jisime | abela kadangipun | suka pêjah kalawan kapir | kang dahat aniaya [a...]

--- 103 ---

[...niaya] | mangkana sang prabu | andhawuhakên timbalan | hèh ki arya timbalanipun sang aji | andika kinèn bubar ||

81. lah bêngganga kalih păncaniti | ayya kasompokên barisira | yèn pakênira wus umbèr | manawa sang aprabu | angrojongi dimène wani | ing mangke datan arsa | ki arya tumungkul | duk bubar saking pagongan | lingsir kilèn dènnya anggêgêr sang aji | malah surub hyang surya ||

82. budhal ki arya sawadyanèki | ngalèr ngilèn tata barisira | lampahnya prapta Pakundhèn | ya ta kasaput dalu | rêrêp wadya ing Surawèsthi | ing dalu winursita | wontên dutanipun | nata saking jroning pura | Sumabrata lan Răngga Wanèngjiwèki | datan amawi rowang ||

83. pan abêkta tadhahan kêkalih | isi sêrat kalawan busana | sampun pinatêdhakake | lan reyal kalih èwu | sêrat dalêm sinuksmèng galih | miarsa kang ukara | ki arya asujud | sumungkêm [sumung...]

--- 104 ---

[...kêm] anèng pratala | sawungune Jayapuspita sru nangis | sarya atêbah jaja ||

84. sampun mundur dutane narpati | wau Ki Tumênggung Sumabrata | Ki Răngga Wanèngjiwane | tumamèng ing kadhatun | kalih prapta ngarsa sang aji | ing dalu tan winarna | wadya Surèngkewuh | enjinge anulya budhal | sinangkalan paksa guna ngrasa wani |[4] bubare saking praja ||

85. tan winarna lampahirèng margi | sampun prapta nagri Surabaya | Arya Jayapuspitane | agung mangan anginum | agêgabah marang ing dasih | akarya dulangmangap | sèwu pan winangun | talangpati gangsal nambang | sêsêliran tri nambang myang saragêni | abra ingkang busana ||

86. tan winarna solahirèng nguni | gênti wau ingkang kawuwusa | sang nata langkung èmênge | ing tyas nanging sinamun | sapêjahe sang adipati | jinaluk mring Walănda | sang nata kaduwung | ngrasa tan darbe manggala | ing tyas èmêng Ratu Kancana udani | yèn nata gung sungkawa [sungka...]

--- 105 ---

[...wa] ||

87. kangjêng ratu ature mlas-asih | marma dados wuyunge punapa | sri narendra timbalane | wruhanira bok ratu | ing patine Sang Adipati | Surabaya pan măngka | bau kiwaningsun | mêngko bineka Walănda | yêkti cêla panjênêngan ingsun aji | praja tanpa manggala ||

88. yèn patuta kadya sun belani | kangjêng ratu wruh sêmuning nata | yèn sangêt ngêmu dukane | ngrarêpa aturipun | pan kawula nênuwun ugi | dipun emut paduka | dèn angeman sunu | kang wirayat eyang sultan | ing Mêntaram ing benjing bala Kumpêni | milya misesèng Jawa ||

89. lagya eca ngandika narpati | pan kasaru wau lêbêtira | Ki Patih Cakrajayane | atur uningèng prabu | yèn kang paman mangkya ngêmasi | Pangran Natakusuma | sang nata angungun | Cakrajaya ingandikan | praptèng ngarsa ngandika sri narapati | Paman Natakusuma ||

90. atmajane gêntèkna agipih | lah jênênga Pangran Pringgalaya [Pring...]

--- 106 ---

[...galaya] | ayya owah salinggihe | Cakrajaya wotsantun | sigra mêdal saking ing puri | sapraptanirèng jaba | dhinawuhkên sampun | yèn Pangran Natakusuma | atmajane ginêntèkakên lêlinggih | Pangeran Pringgalaya ||

91. aparentah sang sri narapati | luwang karta Mantaram kinarya | bumi gêdhe mantuk gêdhe | numbak anyar wong sèwu | kang panumping mantuk panumping | gêni tiga winayang | ing siti kaetung |[5] tunggil warsa Ngenta-enta | wong kêraman sêmana angadêg baris | awasta Ki Mas Dana ||

92. Ngenta-enta wus agêng kang baris | wong Mantaram sampun suyut sadaya |[6] kang mogok ginitik age | samono nuli katur | mring Ki Jayawinata aglis | anulya linurugan | Ngenta-enta rawuh | sampun cêcampuh ing ayuda |[7] ramening prang Jayawinata kalindhih | wadyane kathah pêjah ||

93. Dêmang Jayawinata mangkya glis | pan lumajêng marang Kartasura | atur uninga karsane | Ki Dana kang winuwus | apan karya punggawa mantri | akèh [a...]

--- 107 ---

[...kèh] patinggi desa | kang dadya tumênggung | wus andadi barisira | Kyai Dêmang Jayawinata wus prapti | nagari Kartasura ||

94. katur dhumatêng sri narapati | yèn matune[8] Gêdhe Pacukilan | mangkya umadêg barise | Ngenta-enta gènipun | langkung duka sri narapati | sagung para dipatya | jawi kang tinuduh | anggêmpur ing Enta-enta | sigra budhal kang minăngka ing têtindhih | Pangeran Pringgalaya ||

95. timbalanira sri narapati | yèn Ki Dana kacêkêl ing yuda | dèn gawaa urip bae | sang nata arsa dulu | lawan malihipun punagi | yèn prapta Kartasura | dènira anglampus | kinarya pangewan-ewan | dèn rampoga ingêdom wong sanagari | kocapa kang lumampah ||

96. Pangran Pringgalaya sampun prapti | Ngenta-enta lan sagung punggawa | sigra pinapag yudane | rame dènira pupuh | Kartasura punggawa prapti | samya ngantêp ing yuda | sadaya anggargut | samya jrih timbalan nata | myang Pangeran Pringgalaya angawaki [anga...]

--- 108 ---

[...waki] | wong karaman kèh pêjah ||

97. Ki Mas Dana lumayu agêndring | binuru dening wong Kartasura | mring Barabudhur puruge | ardi sigra kinêpung | pan kancandhak[9] Ki Dana aglis | binănda wus ginawa | mring Kartasurèku | wong cilik kang binoyongan | sigra budhal Pangeran Pringgalayèki | miwah sagung punggawa ||

98. sampun prapta ing Kartasurèki | katur marang kangjêng sri narendra | yèn pun Dana kacêkêle | karsanira sang prabu | kinon ngrampog ngêdom tumuli | marang wong sanêgara | ingundhangkên sampun | dèn ugêr waringin kêmbar | abdi dalêm kaparak lêkas rumiyin | nulya gantya kaparak ||

99. sawusira gêdhong wadya Jawi | kang gumanti ngrampog ing dom sigra | anulya ingundhangake | mring wong sanêgarèku | pan kacatur ing tigang ari | jisimipun kinênthang | anèng alun-alun | nulya pinocok kang murda | wus pinanjêr gêmbunge dipun pênêdi | pinêtak anèng endra ||

100. gantya warsa kang

--- 109 ---

ingucap malih | maratuwanya Kyai Mas Dana | Ki Gêdhe Pacukilane | katur marang sang prabu | yèn belani mantunirèki | nêdya băngga ing raja | ngadêg barisipun | sêmana wus linampahan | pra punggawa praptèng Pacukilan nênggih | Ki Gêdhe wus kapêdhak ||

101. apan dora kang matur nrêpati | apan ki gêdhe tan munasika | sêmana arsa mêmule | ki gêdhe dyan pinikut | marang sagung para dipati | pinocok ingkang murda | katur ing sang prabu | myang sutane pinêjahan | tunggil warsa Tumênggung Kartanagari | linungsur linggihira ||

102. mantun dènira dadi pêpatih | pan kinarya wadana panêkar | pan kawindu sêngkalane | warsa têtiga ratu | duk pepatih dadya sawiji | Tumênggung Cakrajaya | maksih lumastantun | parentahing tanah Jawa | tunggil warsa Ki Wiracana ing mangkin | mangun masigit Dêmak ||

103. sirapipun kang dipun salini | sri narendra ambêktani arta | apan ta sèwu kathahe [kathah...]

--- 110 ---

[...e] | lamine tigang tèngsu | Ki Tumênggung Wiracanèki | jênêngi anèng Dêmak | sawusira mantuk | sapraptane Kartasura | tan alami Ki Wiracana ngêmasi | angungun sri narendra ||

104. duk uripe Ki Wiracanèki | abdi dalêm gêdhong kering kanan | Wiracana têtindhihe | myang wong kaparak iku | wadanane amung satunggil | pangeran ing Balitar | pan têtindhihipun | pan mangkana cinarita | sri bupati arsa amêmantu nênggih | kang wayah kalih pisan ||

105. Pangran Balitar pêputra èstri | akêkasih Radèn Ajêng Wulan | pinundhut putra mring rajèng | wayah putra waruju | sri narendra kalangkung asih | mangkya Radèn Mas Damar | kang wayah pambayun | kang putra pangran dipatya | pan pinêndhêt putra dènira kang rayi | Pangeran Purubaya ||

106. sri narendra angandika aris | ni mbok ratu ingsun pan wus tuwa | ing karsaningsun ing mangke | si rara karsaningsun | ngong panggihkên [pang...]

--- 111 ---

[...gihkên] mupung ing mangkin | kalawan putuningwang | iku karsaningsun | mupung maksih jênêng ingwang | Kangjêng Ratu Pakubuwana wotsari | inggih langkung prayoga ||

107. tata tita lingira ing nguni | Kangjêng Susunan Pakubuwana | amêmantu ing putrane | wayah ingambil sunu | dawêg umur sadasa warsi | nama Dèn Ajêng Wulan | warna luwih ayu | angsal kang putra pangeran | Purubaya warnane anom apêkik | wasta Radèn Mas Damar ||

108. kala aningkah apan marêngi | ing dintên Sênèn Wage sêmana | ing Măndhasiya wukune | Jumadilakiripun | kawan wêlas kang punang sasi | taun Êdal lumampah | sangkalaning taun | trus guna angrangsang tunggal |[10] duk panggihe sumaos para bupati | otêr wong Kartasura ||

109. pra dipati sêntana myang patih | Dyan Apatih Cakrajaya prapta | kapurbayan sagarwane | sadaya sami tugur | agêng alit saos ing kardi | nguyu-uyu gamêlan [ga...]

--- 112 ---

[...mêlan] | umyang Galaganjur | miwah sagêgamanira | warna-warna rinakit asaos kardi | wontên ing kapurbayan ||

110. Sênèn sontên punggawa myang mantri | sami ngiring kadhaton wus prapta | pangantèn wau lampahe | kang têngara gumrudug | barondongan sênjata muni | sang nata duka ing tyas | palênggahan sampun | sri narendra angandika | anak ingsun patêmon putra myang putri | munggèng ing pangkon ingwang ||

111. radèn putra pinaksa wotsari | munggèng wêntisira nata kanan | sang putri wêntis keringe | sang nata lingira rum | babo anak ingsun kêkalih | oyoda arondhana | babo anak ingsun | pan dadia pangauban | marang sanak anak putunira benjing | tulusira patuta ||

112. poma sira dèn bisa alaki | miwah sira dènira mong garwa | sarta dèn êlus êmbune | putra kalih wotsantun | sampun lèngsèr nèng pangkon aji | sagsana

--- 113 ---

sigra dhahar | têngara gumrudug | barung kalawan gamêlan | pan gumêrah swarane kang punang janmi | lir orêg kang pratala ||

113. sampune dhahar sami wotsari | sampun mêdal saking jro kadhatyan | orêg wong jro iring kabèh | wadya jawi gumuruh | abarungan swaraning bêdhil | gamêlan sarêng munya | swarane gumuruh | nulya prapta kapurbayan | atêngara sanjata gamêlan muni | êdrèle barondongan ||

114. lurung-lurung andèr kang angiring | anglir gêlap swaraning kang janma | warna-warna jêmpanane | joli jêmpana tandhu | waos sulam benang myang jinggring | purbayaning rinêngga | pan asring dinulu | sadaya wus sinugata | pra bupati santan miwah kang mantri |[11] dhahar inum-inuman ||

115. samya tuwuk bubar têngah wêngi | byar raina dhatêng Kablitaran | samêkta angiringake | pangantèn sampun waruh |[12] ing Blitaran têngara nguni | sênjata barondongan | gamêlan ambarung | pra

--- 114 ---

Bupati Kartasura | pêpak kabèh Kablitaran sampun prapti | andhatêngakên suka ||

116. dhêdhaharan nginum ing salatri | enjing budhal pangantèn wus prapta | Kapurbayan sawadyane | datan kawarnèng ênu | pan sapêkên laminya nênggih | pagêring ingkang prapta | pan liyêngan ngêlu | sapasar wus samya waras | tan antara sri narendra nulya mijil | undhang mring wadyabala ||

117. sawarnane kang para bupati | kinèn karya dalême kang putra | pasowan kidul prênahe | sawetèning marga gung | kinèn majêng mangilèn kenging | gumuruh kang akarya | ing Kartasurèku | tan antara nulya dadya | dalêm agêng radèn pangante[13] wus ngalih | sawadya garwanira ||

118. sakaprabonira sampun ênting | ingusungan kang sangking Purbayan | sakidul ika dalême | kangjêng ratu winuwus | marang putra kêlangkung asih | radèn ayun yèn sowan | mara jro kadhatun | sabarang panuwunira | datan [data...]

--- 115 ---

[...n] lêpat kangjêng ratu anuruti | panuwune kang putra ||

119. sakathahe busana kang adi | apan saking ing ibu sadaya | sakalangkung sih mulene | sang nata kang winuwus | nulya enjing miyos tinangkil | pêpak ingkang sewaka | dipati nèng ngayun | sri narendra angandika | anak ingsun ki pangantèn sun paringi | anamaa pangeran ||

120. pangeran arya aluwih bêcik | lawan ingsun paringi lalênggah | mung têlung atus cacahe | pirabara ing besuk | jêng pangeran nuwun wotsari | anulya wontên undhang | sabuk ukup kuluk | pan antara tigang căndra | parasipun sang nata têngara muni | nuju wulan Ramêlan ||

121. anulya datan antara lami | jêng pangeran pinaringan lênggah | wong pitung atus cacahe | dadya jangkêp wong sèwu | jêng pangeran rêna kang galih | bungah wadyèng karian | mangkana winuwus | pambalike ing Winongan [Winong...]

--- 116 ---

[...an] | Radèn Tirtakusuma umadêg baris | agitik Pasuruan ||

122. kang jumênêng Pasuruan nguni | akêkasih Tumênggung Jadita | duk Pasuruan bêdhahe | punika kang tinandur | Pasuruan apan taliti | mangkana Ki Jadita | sampun kapalayu | dene bala ing Winongan | Pasuruan apan sampun dèn anciki | Radèn Tirtakusuma ||

123. sampun katur dhatêng sri bupati | yèn sun Tirtakusuma Winongan | tuhu lamun pambalike | langkung duka sang prabu | Kyai Kartanagara aglis | kinèn nglarug mangetan | lan sakancanipun | sagunge para punggawa | wong pasisir bang wetan kang dèn tindhihi | nglurug ngrusak Winongan ||

124. tan winarna ing marga wus prapti | ing Winongan rame dènnya yuda | pan tigang căndra lamine | Winongan dènnya gêmpur | kuthanira dipun obongi | rabine wus jinarah | Tirtakusumèku | binoyong mring Kartasura | pan abêkta atmaja laju satunggil | Mas Kaji namanira ||

125. Radèn Tirtakusuma angungsi |

--- 117 ---

ngili lumayu kitha Lumajang | kang lurug wus mantuk kabèh | Ki Jadita Tumênggung | Pasêdhahan dipun pêjahi | tinuwêg Kartasura | anèng alun-alun | dosane tiwas rumaksa | ing prajane anulya dipun pêjahi | apan ta gênti warsa ||

126. ya ta ingkang kawuwusa malih | Jayapuspita ing Surabaya | dènnya gumanti kakangne | amung sowan samulut | wadya Surabaya kinêrig | cinatur tigang nambang | sêsêliranipun | wadya sragêni sanambang | kang rong nambang ingaran wong talangpati | samya krega gênderan ||

127. sikêp waos mamas bèn anjinggring | myang tumpêr ingas myang bolang-bolang | wugu tulup landung ngambel | myang mantrènira agung | atanapi ari kêkalih | Apanji Surèngrana | ari kang waruju | sira Panji Kartayuda | ari kalih nyèwu sikêpe ngajurit | binaktèng Kartasura ||

128. duk sêmana kangjêng sri bupati | lamun Ki Arya Jayapuspita | asanega pasebane | sang nata sukèng kalbu | samya undhang anyêluk kêris | kancana lan salaka | wênèh kang balibutung [ba...]

--- 118 ---

[...libutung] |[14] asri tinatrapan êmas | sira Arya Jayapuspita tan lami | nèng nagri Kartasura ||

129. sigra mantuk marang Surawèsthi | sapraptanira ing Surabaya | tan arsa balia malèh | rêmbag sakadangipun | sêdya sami ngulati margi | mangkana kang utusan | mantri kang lumaku | Ki Tumênggung Sumabrata | kanthinira mantri jro ingkang lumaris | aran Diramênggala ||

130. samadya căndra nèng Surawèsthi | duta nata Kyai Sumabrata | lan Ki Diramanggalane | nanging Japuspitèku | asêmados sowan ing benjing | tansah sinăngga krama | duta kalih mantuk | praptanirèng Kartasura | wus praptèng jro ing ngabyantarèng narpati | atur sasolahira ||

131. sri narendra animbali patih | kinèn duta dhatêng ing Samarang | Surabaya pamogoke | ki patih sigra nuduh | sampun mêsat kagalih mantri | bêkta surat narendra | gêntia winuwus | Ki Arya Jayapuspita | saungkure Ki Sumabrata duta ji | anuduh arinira ||

--- 119 ---

132. Panji Surèngrana kinèn wiwit | mantuk saking nagri Surapringga | datan kawarna lampahe | nagri Nglamongan rawuh | sira panji anulya wiwit | budhal saking Nglamongan | Garêsik tinuju | saking Giri dènnya minggah | wong Nglamongan ing Kadu angrangsang biting | kawulane tan kangkat ||

133. kawarnaa dutaning narpati | sampun prapta nagari Samarang | sampun katampèn dutane | marang sira kumêndur | tinupiksa lan dèn urmati | kumêndur wus siyaga | anumpak ing laut | layar marang Surabaya | sapraptane Surabaya wus apanggih | lan Arya Japuspita ||

134. sira kumêndur têtanya aris | marang Ki Arya Jayapuspita | dene apanji solahe | Jayapuspita tambuh | saking awonipun apanji | kumêndur pan kèwêdan | mangkana pinatut | biting Garêsik binubrah | nulya mantuk kumêndur marang Samawis | apanji mintasraya ||

135. utusan marang nagari Bali | ing Garêsik winêton sagara | Dewa Kaloran srayane | wong Garêsik [Ga...]

--- 120 ---

[...rêsik] tinukup | mungsuh prapta ing têngah wêngi | gegeran apuyêngan | kathah kang kacakup | wadya lit mawur sasaran | sabêdhahe nagari wau Garêsik | mantuk Dewa Kaloran ||

136. samados ing wangsulira malih | panji Lamongan apan akathah | ambêktani rêrubane | kang katur ing dewa gung | ing Kaloran dutane prapti | mangkana kang winarna | nagri Surèngkewuh | Dipati Jayapuspita | apratăndha wus angadêgakên baris | ngirub măncanagara ||

137. Panji Kartayuda kang tinuding | agêcêgi pra măncanagara | lumaksana ing barise | ngirit prajurit sèwu | nagri Japan kang dèn margani | wong Japan tan kawawa | mapaga prangipun | samya anungkul kewala | nagri Japan samana wus dèn margani | lajêng mring Wirasaba ||

138. dadya Wirasaba samya ngili | bupatine ngumpul marang Daha | Apanji Kartayudane | Wirasaba wus rawuh | bupatine apanggih sêpi | pan sampun tinanêman | Kartayuda [Kar...]

--- 121 ---

[...tayuda] laju | ngrabasèng nagari Daha | wong Kadhiri pan sampun miyarsa warti | sanega mêthuk ing prang ||

139. apan lagya yun-ayunan jurit | kawarnaa Apanji Lamongan | sampun lumampah dutane | anggêpuk ing Sidayu | ramening prang kathah kang mati | kitha Sidayu bêdhah | panji sigra mangsuk | mingêr agitik ing Jipang | tan winarna ing marga ing Jipang prapti | lajêng campuh ing yuda ||

140. sira wadya ing Jipang kalindhih | wau Tumênggung Surawijaya | andêrojog duk kèngsêre | gugup tan polih kiwul | wong Lamongan gya wangsul malih | lajêng ngrabasèng Tuban | sêmana wus rawuh | ing Tuban campuh ing yuda | wadya Tuban ingamuk sadaya gusis | kuthane wus kancikan ||

141. kawarnaa kang anèng Kadhiri | duk samana campuh ing ayuda | Apanji Kartayudane | wong Kadhiri anggargut | wadya Surabaya mangungkih | ambuk angamuk rampak | wong Kadhiri mawur | sira Panji Kartayuda | sabalane sampun ngancik ing Kadhiri | anulup wong bang

--- 122 ---

wetan ||

142. ing Kartasura ingkang winarni | dina Soma sang nata sineba | pinarak ing dhampar gêdhe | jêjêl wadya supênuh | dêmang arya lan ondhamui | ngabèi sinang arya | kandhuruan sèwu | myang Apatih Cakrajaya | munggèng ngarsa abukuh konjêm ing siti | sigra matur ing nata ||

143. yèn nagari dalêm Surawèsthi | mangkya pun Arya Jayapuspita | tuhu lamun pangadêge | sampun angirup-irup | marang sagung măncanagari | bang wetan ginêcêgan | myang pasisiripun | ing Sidayu sampun bêdhah | miwah Tuban ing Jipang sampun kalindhih | Kadhiri wus kancikan ||

144. asru ngandika sri narapati | hèh Apatih Cakrajaya sira | mracayaa dipun age | iya marang kumêndur | yèn wong Surabaya ambalik | lan sira sanenggaa | gêgamaning pupuh | sira dhewe lumayua | mêtu êlor ngirida bala pasisir | miwah măncanagara ||

145. iya Tumênggung Kartanagari | kang sun tuduh iku nindhihana | mêtua

--- 123 ---

kidul lakune | lawan sira dèn gupuh | amundhuta bala Kumpêni | ki patih atur sêmbah | ngadhaton sang prabu | ki apatih undhang-undhang | wus amatah mantri kang dhatêng Samawis | wong Kartasura dandan ||

146. kawarnaa caraka nrêpati | ingkang dhatêng nagari Sêmarang | prapta katampèn surake | marang sira kumêndur | tinupiksa dipun urmati | kumêndur akapita | angundhangi sampun | bala Kumpêni siyaga | lan kumêndur tur wikan marang Bêtawi | wus mêsat dutanira ||

147. tan winarna lampahirèng nguni | Kyai Tumênggung Kartanagara | andhingini ing budhale | saking Kartasurèsuk | ngirit wadya măncanagari | Ki Patih Cakrajaya | kang maksih angantun | anganti bala Walănda | duk sêmana kundur utusan aglis |[15] ajangji angkatira ||

148. Ki Apatih Cakrajaya aglis | budhal saking nagri Kartasura | miyos Samarang lampahe | bala umyung gumuruh | busananya awarni-warni | tinon lir puspita bra | asri yèn dinulu | myang sagung

--- 124 ---

para punggawa | tan winarna nèng marga praptèng Samawis | gantya kang kawuwusa ||

149. sira Tumênggung Kartanagari | lampahira apan sampun prapta | ing Jipang têpis-wiringe | apan sampun kêkuwu | nganti wadya măncanagari | akumpul anèng Jipang | Ki Răngga Madiyun | myang Kapuwangka Magêtan | ing Balora ing Waru lan Caosragi | amung ing Garobogan ||

150. punggawa kalih sami dèn piji | tumut lampahira ki apatya | apan pasisir wêdale | Dyan Suryawinatèku | Radèn Sasrawinata nênggih | kang wayah panêmbahan | kang raka karuhun | pinaringan ing Mandura | kang saduman nanging ta datan alami | anulya tinimbalan ||

151. pinaringan Garobogan nênggih | Suryawinata Sasrawinata | warnanên wau lampahe | Ki Kartanagarèku | sampun ayun-ayunan jurit | lan Panji Surèngrana | anèng Majalangu | Tumênggung Surawijaya | sampun kumpul lan Kyai Kartanagari | wus agêng barisira ||

152. kang Têmênggung Surawijayèki | wus siyaga lan sawadyanira [sa...]

--- 125 ---

[...wadyanira] | myang măncanagara kabèh | budhal arsa umanggut | Kyai Kartanagara nguni | kinarya tindhihira | panji sigra mêthuk | rame campuh ing ayuda | wadya măncanagara prangnya mangungkih | datan nêdya mundura ||

5. Durma

1. Panji Surèngrana pêngkuh ing ayuda | lawan Mangkunagari | myang wong Kartasura | buru-binuru samya | wadya lit kathah kang mati | sapih kang yuda | apan kasaput wêngi ||

2. kutha Jipang apan ta sampun kancikan | marang măncanagari | janji mundur sigra | dhatêng nagri Lamongan | wontên dasih tur udani | yèn nagri Tuban | sampun kancikan malih ||

3. mring ki răngga wong pasisir kang binêkta | Nglasêm Kudus lan Pathi | Ngrêmbang lan Juwana | Apanji Surèngrana | mila mundur sawadyèki | kang kawarnaa | Dewa Kaloran nênggih ||

4. prapta malih bêkta punggawa têtiga | prapta nagri Garêsik | dene kèhing bala | pitung atus sadaya | wastane punggawa katri | pun Dewa Soka | lan Dewa Sadesinggih ||

--- 126 ---

5. Dewa Bagus wastane ingkang satunggal | Panji Surèngranèki | amanggihi sigra | marang Dewa Kaloran | prapta nagri ing Garêsik | Dyan Surèngrana | samya agunêm kawis ||

6. ri sampunnya rêmbagan Panji Lamongan | arsa banjêla malih | dhatêng nagri Jipang | sira Dewa Kaloran | bêktani satus wong Bali | wontên satunggal | têtiyang ing Garêsik ||

7. pan binakta dhatêng Panji Surèngrana | aran juragan Bali | agêng manahira | sugih wong têtêbusan | dêdêge agêng ainggil | kyai juragan | kêras ambêgirèki ||

8. kaduk wani tau aprang ing lautan | wus binakta tumuli | mangsah dhatêng Jipang | rabine ki juragan | ginadhe sadhatêng apanji |[16] kinèn ambêkta | marang ing Surawèsthi ||

9. para dewa pan sami kantun sadaya | anèng nagri Garêsik | pan Ki Surèngrana | budhal sawadyanira | ingkang kinarya pangarsi | Kyai Juragan | tan kawarna ing margi ||

--- 127 ---

10. lampahira sampun prapta nagri Jipang | sampun campuh ing jurit | lan wong Kartasura | sagung para punggawa | pêpakan măncanagari | anèng ing Jipang | ingkang dadya têtindhih ||

11. Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | langkung ramening jurit | ya ta ki juragan | bali sigra umangsah | mudhun saking ing turanggi | angamuk ngampak | wong tatêbusan ngiring ||

12. Ki Juragan Bali tandange lir yaksa | kang tinarajang isis | wadyabala Jipang | kathah longe kang pêjah | miwah wong măncanagari | kathah kang pêjah | sigra mundur tumuli ||

13. sakathahe punggawa măncanagara | myang wong Kartasurèki | kèngsêr yudanira | wontên sakilèn kitha | desa Barongkol dèn goni | para prawira | pan sami abêbiting ||

14. kutha Jipang anênggih sampun kancikan | dhatêng Surèngranèki | sigra wontên duta | prapta katur uninga | yèn Sidayu dèn anciki | marang Ki Răngga | Tuban myang wong pasisir [pasi...]

--- 128 ---

[...sir] ||

15. ingkang kilèn ingirit dhatêng ki răngga | sigra Juragan Bali | kinèn umangsaha | mring Sidayu nagara | sampun binaktan wong Bali | sèkêt kèhira | nulya mangkat tumuli ||

16. Ki Juragan Bali lampahe wus prapta | ing Sidayu nagari | campuh dènnya yuda | angamuk Ki Juragan | Ki Răngga Tuban tan gingsir | rame kang yuda | wong pasisir kèh mati ||

17. kyai răngga wus lumayu marang Tuban | lawan wadyèng pasisir | Sidayu wus bêdhah | kancikan ki juragan | sagunge bala pasisir | ngumpul mring Tuban | pan sami abêbiting ||

18. Ki Juragan Bali angungsi mring Tuban | sigra angrangsang biting | nanging nora kangkat | kyai răngga ing Tuban | darbe têtukon wong Bali | mung pitung dasa | sigra kinèn miyosi ||

19. ananggulang yudane Kyai Juragan | sigra campuh tumuli | kuwêl dènnya yuda | wong tukon pitung dasa |

--- 129 ---

pangamukira mangungkih | Kyai Juragan | panggah nora gumingsir ||

20. wong têtukon tandange lir singa lodra | ingkang katrajang isis | wonge Ki Juragan | akathah ingkang pêjah | miwah wadyanira panji | kang tinindhihan | marang Juragan Bali ||

21. tiyang Bali sèkêt pan tumpês sadaya | siji tan ana kari | sira Ki Juragan | sigra mundur lon-lonan | pan sampun atur upêksi | mring Surèngrana | yèn asor dènnya jurit ||

22. sira Panji Lamongan langkung bramantya | sigra budhal mring Tubin | lan sawadyanira | sapraptane ing Tuban | lajêng campuh ing ajurit | rame kang yuda | wong Tuban kèh ngêmasi ||

23. wus kalindhih yudane Ki Răngga Tuban | wadyanira kèh mati | kuthane kancikan | marang Panji Lamongan | nagari Jipang winarni | sapungkurira | Panji Surèngranèki ||

24. ingancikan malih mring Kartanagara | myang Surawijayèki | sarta pradandanan | dadya măncanagara | pan samya kinêrig malih | wadya ing Jipang |

--- 130 ---

barise agêng malih ||

25. Kyai Răngga Tuban ingkang kawarnaa | anèng Nglasêm nagari | sami pabarisan | wong Pathi lan ing Ngrêmbang | pêpak Kudus Juwanèki | wus pakumpulan | anèng Nglasêm nagari ||

26. kawuwusa Ki Apatih Cakrajaya | maksih wontên Samawis | anganti Wêlănda | kang sangking ing Jakarta | amung Ki Somacitrèki | kinèn ngluruga | angrêbut nagri Tubin ||

27. wong pasisir kipa nênggih kang binêkta | sigra budhal tumuli | tan kawarnèng marga | wus praptèng nagri Tuban | lajêng campuh ing ajurit | ramening yuda | gantya rog silih-ungkih ||

28. pan kinêpung wau nagari ing Tuban | dening bala pasisir | Sang Panji Lamongan | pan kêkathahên lawan | wus kèngsêr sawadyanèki | mring paronggahan | anilar kithèng Tubin ||

29. wong bang kilèn angêbroki kitha Tuban | ya ta ingkang winarni | Kyai Cakrajaya | budhal saking Sêmarang | angirit bala

--- 131 ---

Kumpêni | pan sabêrgada | tanapi tiyang Bugis ||

30. lan Makasar Ambon Tarnate Sambawa | Minangkabo wong êncik | antawis sanambang | dene pangagêngira | Kumêndur Gobyo namèki | lawan Kapitan | Krasbun andêling jurit ||

31. sira Amral Baritman kantun Samarang | lawan bala Kumpêni | nêngih sabrêgada | aso anèng Samarang | Ki Patih Cakrajayèki | lajêng mring Tuban | kêrig bala pasisir ||

32. praptèng Tuban Ki Cakrajaya utusan | mring Ki Kartanagari | sigra lumaksana | mring nagri Surabaya | Jangrawati ngriwut margi | têka lajua | marang ing Surawèsthi ||

33. pan manira umancal marang ing Tuban | anjog ing Surawèsthi | apan sampun rêmbag | Kyai Kartanagara | wus budhal sawadyanèki | miyos ing dharat | kang tinilar ing wuri ||

34. Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | kinèn jaga nagari | mênèk Surèngrana | ngiwat-iwut ing wuntat | Ki Patih

--- 132 ---

Cakrajayèki | pan sampun mancal | lawan wadya Kumpêni ||

35. mêdal laut sampun lajêng lampahira | ingkang tinilar Tubin | Arya Kudus lawan | pêpatih ing Jêpara | kang aran Ki Wiramantri | kang kawarnaa | Panji Surèngranèki ||

36. duk Ki Patih Cakrajaya anèng Tuban | lèngsèr Surèngranèki | saking Paronggahan | ki patih sarêng mancal | sira panji wangsul malih | mring Paronggahan | klawan Juragan Bali ||

37. Ki Juragan Bali pikir jroning nala | kaya paran si panji | dènnya băndayuda | mungsuh mring sanêgara | dèn lurugi ing pêpatih | Si Surèngrana | dadya mungsuh sang aji ||

38. ingsun iki dadya milu wong druhaka | pangrasane kang ati | kala ingsun dagang | layar anèng lautan | marmane ingsun asugih | barkating nata | ingkang sun pundhi-pundhi ||

39. milanipun ingsun sugih mas salaka | tan lyan barkat narpati | sun suhun ing murda | ya ta Kyai Juragan | nulya api-api sakit | pan arang mangan | puasa pati gêni ||

40. arsa pamit yèn waras [wa...]

--- 133 ---

[...ras] măngsa mantuka | milane api gêni | antuk pitung dina | wau dènira pasa | Ki Juragan lajêng misi | katur ing panjya | yèn juragan asakit ||

41. Ki Juragan Bali kinèn mantuk sigra | marang nagri Garêsik | binotong kewala | wêlingira apanjya | hèh poma Juragan Bali | yèn sira waras | nuli balia maning ||

42. tan winarna ing marga Kyai Juragan | sampun prapta Garêsik | nulya mangan sêga | sakite wus waluya | ya ta gêntia winarni | Ki Cakrajaya | prapta ing Surawèsthi ||

43. lan Kumêndur Gobyo wau rowangira | samya jujug ing luji | ya ta kacarita | loji ing Surabaya | Kumpêni kang jaga kêdhik | mung kawan dasa | sami angati-ati ||

44. pan mèh bêdhah rinurah wong Surabaya | nulya Rêkyana Patih | Cakrajaya prapta | myang sagunging punggawa | wus pêpak nèng Surawèsthi | sawadyanira | tuwin sagung Kumpêni ||

45. Ki Tumênggung Kartanagara wus prapta | nagari Surawèsthi | baris kidul kitha | aran desa Sapanjang | sumêdya ngaturi

--- 134 ---

tulis | marang sang nata | miwah rêkyana patih ||

46. Cakrajaya pan samya ngaturi sêrat | marang sri narapati | duta lumaksana | wus praptèng Kartasura | sêrat katur ing narpati | wus tinupiksa | bêbukaning kang tulis ||

47. suratira Kiyai Kartanagara | pinariksa mring aji | kacaryan sang nata | andangu marang duta | sapa kang anulis iki | duta tur sêmbah | pukulun kang anulis ||

48. abdi dalêm awasta pun Saratuna | sutane Saradèwi | lingira sang nata | warahên gustinira | carike ngong pundhut mangkin | dèn ulihêna | maring Kartasurèki ||

49. kang caraka kêkalih sampun tinulak | wus binêktanan tulis | duta kalih mêsat | ya ta kang kawarnaa | kang baris ing Surawèsthi | ayun-ayunan | pan sami abêbiting ||

50. sêkathahe punggawa ing Kartasura | tuwin bala Kumpêni | kalangkung prayitna | mariyême tinata | tanapi wong Surawèsthi | prayitnèng baya | tan ana sêdya urip ||

51. kawarnaa kang para dewa têtiga | kang anèng [a...]

--- 135 ---

[...nèng] ing Garêsik | susah manahira | sira Dewa Kaloran | sadhatênge lajêng sakit | nulya angundang | marang Juragan Bali ||

52. Ki Juragan Bali sampun praptèng ngarsa | Dewa Kaloran angling | hèh Kyai Juragan | manira atêtanya | apa wartane ing mangkin | ing pabarisan | pan sira lagi prapti ||

53. Ki Juragan Bali alon saurira | inggih mangke pun panji | anèng Paronggahan | mungsuhe kathah prapta | myang kang dhatêng Surawèsthi | pêpatih nata | Cakrajaya namèki ||

54. para dewa anjêtung tan ana ngucap | myarsa ingkang pawarti | nênggih Ki Juragan | angling Dewa Kaloran | marmane manira prapti | ing tanah Jawa | sagupe[17] si apanji ||

55. pakonira Susunan Pakubuwana | mêngko patihe prapti | yèn pakonanea | măngsa dilurugana | pêpatihe sri bupati | hèh ya Juragan | manira mangke mulih ||

56. Ki Juragan Bali alon wuwusira | yèn dika arsa mulih | mring Nungsakambangan | manira angsung wikan | dhumatêng [dhuma...]

--- 136 ---

[...têng] rêkyana patih | pamrih kawula | dika angsala margi ||

57. yèn Ki Patih Cakrajaya botên suka | dika angsala margi | pan nagri Mandura | Sumênêp Pamêkasan | kaparentah mring ki patih | nênggih andika | tumut dhatêng pun panji ||

58. yêkti dika amêngsah wong sanagara | pun Surèngrana Panji | duraka ing nata | angling Dewa Kaloran | sakarêpmu ingsun iki | Kyai Juragan | Bali utusan aglis ||

59. tur uninga mring Apatih Cakrajaya | punang utusan prapti | nagri Surabaya | tundhuk lawan apatya | kang caraka atur tulis | gya tinupiksa | dhatêng rêkyana patih ||

60. Ki Apatih Cakrajaya langkung trustha | myarsa ungêling tulis | tinulak kang duta | sarta Kyai Juragan | tinimbalan mring ki patih | sarta ngatêrna | sagung para dewèki ||

61. duta prapta Ki Juragan langkung suka | sagung para dewèki | sigra kinèn budhal | miwah Kyai Juragan | angatêrakên ing margi | kang para dewa | ing Pêlasa wus prapti ||

62. para

--- 137 ---

dewa sampun lajêng lampahira | sira Juragan Bali | dhatêng Surapringga | sami ungkur-ungkuran | Ki Juragan aglis prapti | ing Surabaya | seba marang ki patih ||

63. Ki Apatih Cakrajaya suka ing tyas | dènira aningali | maring Ki Juragan | dene gagah prakosa | dêdêge agêng ainggil | sugih santana | Ki Juragan tinari ||

64. apa wani marang Panji Surèngrana | Ki Juragan tur bêkti | purun anggêcêka | mring Panji Surèngrana | ing pundi gène pinanggih | pun Surèngrana | purun agênti kêris ||

65. Ki Apatih Cakrajaya ngandikannya | yayi Tumênggung Têgil | sira nindhihana | marang adhi Juragan | bêkta punggawa kêkalih | Barêbês lawan | yayi ing Lèpèntangi ||

66. Ki Tumênggung Têgal ature sandika | sigra mangkat tumuli | lawan Ki Juragan | datan kawarnèng marga | wus prapta nagri Garêsik | lajêng umangsah | mring Lamongan nagari ||

67. Panji Surèngrana mangkya lagya prapta | sawadyanya umiring | saking Paronggahan | sapraptane Lamongan | nulya [nu...]

--- 138 ---

[...lya] Ki Juragan prapti | sawadyanira | lawan Têmênggung Têgil ||

68. dyan ginêcêk wau nagari Lamongan | rame campuh ing jurit | sira Ki Juragan | mudhun saking turăngga | saha bala ngamuk ngungkih | lir singa lodra | kang tinarajang gusis ||

69. wus kalindhih yudane Panji Lamongan | balane akèh mati | kèngsêr saking kitha | lumayu dhatêng wana | kulawargane angiring | Panji Lamongan | balane akèh mati ||

70. Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | saking kilèn nangkêbi | ki răngga ing Tuban | saking êlor narajang | Panji Lamongan tan gingsir | mêmpên nèng wana | datan kêna pinurih ||

71. sami mênggah sagunge para punggawa | sigra mundur tumuli | Ki Tumênggung Têgal | miwah Kyai Juragan | mundur saking ing Garêsik | sawadyanira | ya ta ingkang winarni ||

72. Ki Tumênggung Kartanagara kalawan | Cakrajaya Apatih | pan sami utusan | dhatêng ing Kartasura | sarwi angaturi tulis | myang Sarartuna | ingaturakên aglis ||

--- 139 ---

73. mring sang nata sarta ngaturi uninga | yèn Juragan Garêsik | purun labuh karyan | sira kanjêng sri nata | anulya mangkat tumuli | duta wus prapta | lawan sri narapati ||

74. Sarartuna wus katur ngarsèng narendra | langkung suka sang aji | sigra tinimbalan | sira Ki Sarartuna | wus kinarya lurah carik | ngalihkên aran | Carik Braja namèki ||

75. sri narendra ngandika dhatêng caraka | warahên si apatih | mêngko Si Juragan | Bali dèn gêmpalana | têlung atus wong Garêsik | sun wèhi aran | Ngabèi Tohjayèki ||

76. ponang duta atur sêmbah sigra mentar | tan kawarna ing margi | praptèng Surabaya | atur dhatêng ki patya | yèn katarima turnèki | Dyan Cakrajaya | langkung trustha ing galih ||

77. Ki Juragan nuli wau tinimbalan | dhatêng ing Surawèsthi | tumênggung ing Têgal | Kyai Kartanagara | Garêsik nênggih kang kari | kinèn jagia | nênggih nagri Garêsik ||

78. Ki Tumênggung Têgal prapta Surabaya |

--- 140 ---

lawan Juragan Bali | sampun ingaranan | Angabèi Tohjaya | kalangkung suka ing ati | kang kawarnaa | Panji Kartayudèki ||

79. arinipun Ki Arya Jayapuspita | ing mangkya lagya prapti | saking nagri Daha | datan malêbèng kitha | angrêriwuk anèng jawi | kèhe kang wadya | rongèwu winitawis ||

80. bala Kartasura kang baris Sapanjang | nênggih kang dèn setani | wong Kartanagaran | tan bisa golèk pangan | yèn sampun akanthi biting | watawis rusak | wadya ing Kartawani ||

81. ngiwat-ngiwut sira Panji Kartayuda | pinara pat kang baris | bêdhug têlu prapta | ngamuk sawadyanira | bakda subuh andhatêngi | angamuk rampak | enjing asar pan prapti ||

82. sêdhih kingkin kang baris anèng Sapanjang | tan ana kang binukti | Panji Kartayuda | ingkang ngadhangi marga | ya ta gênti kang winarni | Ki Cakrajaya | apirêmbagan sami ||

83. lan Kumêndur Gobyo wau rowangira | angling rêkyana patih | kumêndur anêdha | mangsah

--- 141 ---

ing adilaga | punapa kang dèn antèni | pan sampun lama | nèng nagri Surawèsthi ||

84. ling Kumêndur Gobyo lah ki patih nêdha | sigra rêkyana patih | undhang kang punggawa | sami kinèn siyaga | sakapraboning ajurit | sagung dipatya | nêmbang têngara atri ||

85. nulya mêdal wau saking pabitingan | wong alit samya kardi | têtingkês lan jagang | ingkang lumampah ngarsa | dene tatane kang baris | Kumpêni ngarsa | dadya dhadhaning jurit ||

86. tuwin wadya Makasar Bugis Sêmbawa | tan têbih lan Walandi | kang dadya pangawat | Dipati Jayaningrat | anindhihi wong pasisir | ingkang pangawat | ingkang pangiwa kering ||

87. ingkang têngên kang dadi pangawat kanan | kang minăngka têtindhih | Kyai Adipatya | Citrasoma Japara | Ki Citrajaya Apatih | pan anèng têngah | tunggil lawan Kumpêni ||

88. kadya mêndhung barise rêkyana patya | amor baris Kumpêni | tan kêna winilang | sakèh papan kèbêgan | tanapi bala pasisir |

--- 142 ---

tan kêna ngetang | tinon lir gunung gêni ||

89. wadya bala apan sampun asiyaga | ingkang nindhihi baris | apan arinira | Arya Jayapuspita | warnane anom apêkik | pan sanès biyang | lan Jayapuspitèki ||

90. kêkasihe gêntèni swargi kang raka | ran Jangrana Ngabèi | kang minăngka dhadha | para kaum sadaya | pan samya rasukan putih | para ngulama | pitung atus kèhnèki ||

91. para kêtip tinon lir kultul[18] sarawa | sarwi anyothe cundrik | pan angagêm watang | tan kêna kawoworan | sira ki pangulu kakim | ingkang minăngka | têtindhihe pra cantrik ||

92. pan pangulu Tambakaji sisihira | sagung kang para santri | mantri Surabaya | kang minăngka pangawat | dene Kyai Adipati | Jayapuspita | munggèng wuri atêbih ||

93. sampun budhal saking salêbêting kitha | rêbut papaning jurit | sungsun ing Kapasan | wau dènira mapan | Kumêndur Gobyo glis prapti | sawadyanira [sawadyani...]

--- 143 ---

[...ra] | myang punggawa pasisir ||

94. sigra campuh wau dènira ayuda | Kumpêni ambêdhili | kaum Surabaya | sami mêndhak sadaya | anèng ara-ara sami | Kumpêni sigra | wanti-wanti bêdhili ||

95. sampun pêtêng samadyaning adilaga | dening kukusing bêdhil | kaum Surabaya | sarêng pangamukira | sigra Ki Pangulu Kakim | ngamuk manêngah | lawan Ki Tambakaji ||

96. ki pangulu kalih tandange lir yaksa | galak amăngsa daging | kukusing sundawa | sinusupan kewala | campuh caruk ingkang jurit | rukêt kang yuda | kapanggih padha wani ||

97. Ki Ngabe Jangrana sigra angatag |[19] marang ing para mantri | Dêmang Wirasraya | lan Gongganglawe sira | Dêmang Ngêbêban tan kari | lan Singarana | myang Si Singalagèki ||

98. Sêcapura lawan sira Sindubaya | sami andêl ing jurit | samana anulya | sami kinèn gitika | lawan kaponakanèki | Jaka Tangkêban | anênggih kang wêwangi ||

99. têtilare Ki Adipati

--- 144 ---

Jangrana | warnanira apêkik | nanging maksih bocah | sira Jaka Tangkêban | kinarya têtindhih mantri | sigra umangsah | nêmpuh pêngawat kering ||

100. sarêng ngamuk para mantri Surabaya | tandangira ngajrihira |[20] Ngabèi Jangrana | sigra wau umangsah | dèn iring wong talangpati | pangawat kanan | sanjata sarêng muni ||

101. ramening prang tibane mimis lir udan | gumêr sambating kanin | lan putunge watang | papan pating garopatan |[21] suwèking bandera asri | miwah daludag | lêlayu kang nglimputi ||

102. ing paprangan pêtêng dhêdhêt lêlimêngan | riwut lir têngah wêngi | kaum Surabaya | sura pangamukira | anêmpuh bala Kumpêni | ulêng-ulêngan | Wêlonda datan gingsir ||

103. para kêtip tandangira kadi yêksa | watang wus tanpa kardi | ngamuk lan curiga | sami kuthah rudira | kaum sami baju putih | kadi sangkêlat | kaabang lamun kaèksi |[22]|

104. wadya Bugis Makasar samya umangsah | tulung marang Kumpêni |

--- 145 ---

kaum Surabaya | liwung pangamukira | wong Bugis tinêmpuh wani | ramening yuda | kêris caruk lan cundrik ||

105. ting barêkuh swarane kang băndayuda | pêdhang-pinêdhang gênti | kêtib Surabaya | tandangira lir yaksa | sèwu sêdhêng măngsa daging | numbak anigas | anuduk angakahi ||

106. wadya Bugis Makasar gêmpung suh sirna | tuwin bala Kumpêni | tumpês sabrêgada | wangke lir wêwukiran | ing paprangan banjir gêtih | sarah kumbala | endhe lir prau kunthing ||

107. kang turăngga lir sela agêng nglêgarang | dhadhap tamèng lan tamsir | tinon kadi mina | angambang ing samodra | amor lindhu andhatêngi | angrèn prabata | megung lir ruging ardi ||

108. kang akasa kêlap-kêlap kadi bêlah | liwêran kilat thathit | lintang sumamburat | tinon kadi kiyamat | bala Kumpêni sirnanting | sisaning pêjah | lumayu ngungsi biting ||

109. kang pangawat kiwa ingkang tinarajang | mring Mantri Surawèsthi | tandange lir buta | sira Jaka Tangkêban |

--- 146 ---

ingkang kinarya têtindhih | kuwêl kewala | mungsuh bala pasisir ||

110. sira Jaka Tangkêban angamuk ngampak | kang tinarajang isis | Dipati Janingrat | sumyur sabalanira | dèn amuk ing para mantri | wong Pakalongan | samya lumayu wingwrin ||

111. ya ta wau Apanji Wiranagara | wadyabala ing Têgil | datan antuk papan | gêgêr madyèng palagan | tinarajang ngarsèng wuri | myang kering kanan | wadyabala ing Têgil ||

112. samya dheprok tan ana ingkang lumajar | kawratan sihing gusti | wadyèng Surabaya | asru panêmpuhira | wong ing Têgal dèn bêdhili | tur tinowokan | pinasêr cèkèl biring ||

113. kacarita Tumênggung Wiranagara | darbe ari satunggil | aran Ănggrayuda | nangis nungkêmi pada | tuwin ingkang para mantri | samya karuna | ature mêlas-asih ||

114. dhuh gustiku Dipati Wiranagara | lumayua tumuli | rêbuta Kuripan | ngungsia pabitingan | patine kula andhêmi | anggèr [ang...]

--- 147 ---

[...gèr] paduka | tulusa mukti sari ||

115. sira Panji Wiranagara ing Têgal | amicara ing galih | nadyan lumayua | măngsa wurunga pêjah | mendah ucape ing bumi | ingsun lumajar | benjang nak putu mami ||

116. sri narendra tan arsa ngawulakêna | utamaning bupati | dhatêng adilaga | angling Wiranagara | kèh sakèhe sanak mami | ngong milya pêjah | mring sira ambelani ||

117. wadyabala ing Têgal kakehan lawan | kiwul-kiwul tan palih | mantri Surabaya | langkung sudirèng rana | lagya winongwong Hyang Widdhi | jinajayèng prang | marma tan olih tandhing ||

118. ki tumênggung ing Têgal lir Partatmaja | duk rinêbut ing jurit | mring sata Korawa | ingkang para santana | kathahira kawan dèsi | tumpês sadaya | siji tan ana kari ||

119. kang abêkta bawat lante lan kandhaga | pêjah ngarsaning gusti | sira Sang Apanjya | Wiranagara Têgal | jajanira kêrêp kanin | bating baluncar | niba nulya ngêmasi ||

120. marang gone kalih [ka...]

--- 148 ---

[...lih] atus ingkang pêjah | parêka lawan gusti | wadya Surabaya | samya angêmu waspa | miyat kunarpanya Panji | Wiranagara | bagus lêgawèng pati ||

121. kawarnaa Ki Tumênggung Cakrajaya | mundur saking ajurit | Kumpeni kèh rusak | kumêndur ing Samarang | tan pisah lawan ki patih | sabalanira | angungsi marang biting ||

122. kang pangawat têngên wus sumyur sadaya | datan amăngga pulih | akèh kang palastra | kang gêbyur ing jro toya | lan Ki Tohjaya Ngabèi | tumut mêngawat | kanan sarowangnèki ||

123. sêdyanira Kyai Ngabèi Tohjaya | sêdya nanggulang jurit | pan kèlês ing wadya | ingkang sami lumajar | dadya akiwul tan polih | wêkasan misah | wêkasan turut kali ||

124. wus lumêbêt marang jroning pabitingan | panggih lawan ki patih | sami ngungunira | ature Ki Tohjaya | kiyai dika tangguhi | sampun lumajar | darapon tiyang alit ||

125. wontêna pangusènira kang lumajar | tuwin bala Kumpêni | sasisaning pêjah | dene jasat kawula | paduka damêl pangarsi | Ki Cakrajaya |

--- 149 ---

langkung trustha kang galih ||

126. amiyarsa ature Kyai Tohjaya | nulya bala pasisir | kang sami lumajar | wus sami tinimbalan | kacarita kyai patih | adarbe wadya | kathahe wolung dèsi ||

127. lagya nêdhêng warnane samya taruna | rinayat tur ginalih | nênggih ingaranan | têtiyang trunasura | sami akulambi kuning | asikêp watang | mamanji ninggring jinggring ||

128. dene wadya kapatihan ingkang kathah | anèng pangawat kering | myang pangawat kanan | Kiyai Sutayuda | ingkang minăngka têtindhih | lan Ekatruna | sami angrêksa biting ||

129. munggèng kering Ki Ngabèi Sutayuda | têngên Ekatrunèki | wadya Surabaya | wau anulya prapta | kang ngilut dhatêng ki patih | umyang kang surak | umung kêndhang gong bèri ||

130. kalaganjur tinêmbang munya angangkang | barung lan carabali | wadya Kartasura | angrês ing manahira | miyarsa gamêlan muni | wong Surabaya | alok sarwi ambêdhil ||

131. nulya ngrangsang bitinge Ki Cakrajaya | sigra campuh kang jurit | tiyang trunasura | tinêmpuh barisira | wong trunasura tan gingsir | ramene [rame...]

--- 150 ---

[...ne] yuda | lir udan sinêmèni ||

132. Ki Tohjaya pangamuke kadya yêksa | nèng ngarsane ki patih | bala Surabaya | kang tinarajang bubar | sira Cakrajaya Patih | angagêm rotan | nindhihi anèng wuri ||

133. samangsane mêngkab bala trunasura | ki patih anudingi | rotan sarya mojar | hèh bocah trunasura | padhaa balia maning | ayya lumajar | ingsun anjaluk kardi ||

134. marang sira sapisan iki kewala | wong trunasura bali | sabên arsa mênggak | Dipati Cakrajaya | kadya mêngkana dènnya ngling | wong trunasura | dadya kukuh ing jurit ||

135. pra punggawa pasisir mawur sadaya | samya ngungsi ki patih | bala Surabaya | asru pambujungira | kang kacandhak dèn tumbaki | wong pangasalan | kathah longe kang mati ||

136. Ki Tumênggung Puspanagara ing Batang | maksih kathah kang ngiring | lumayu lon-lonan | angungsi ki apatya | sarêng cêlak lan ki patih | wong trunasura | wau ingkang nulungi ||

137. sampun kumpul lan ki patih Cakrajaya | wus binubuhan biting | Kyai Citrasoma |

--- 151 ---

myang Dipati Janingrat | anunggal dadi sawiji | wong Surabaya | kang bujung samya prapti ||

138. anêrajang bitinge Ki Ekatruna | sampun campuh ing jurit | Kyai Ekatruna | rame dènira yuda | anênggih katiban mimis | jajanya bêngkah | niba nulya ngêmasi ||

139. kancanipun pan sami mawur sadaya | bala ing Surawèsthi | tandange lir buta | minggah mring pabitingan | ki patih angatag aglis | wong truna sura | kang kinèn anulungi ||

140. myang Kumpêni samya guntur ing sanjata | nanging kasaput wêngi | mantri Surabaya | mundur sarwi ambêkta | kunarpanira Apanji | Wiranagara | sawadyane kang mati ||

141. karsanira pinêtak ing Surabaya | sasanake kang lalis | ayya kênthang-kênthang | binêkta mring jro kitha | Ki Arjapuspitèki |[23] mundur mring kitha | kang wadya samya ngiring ||

142. praptèng jawi sigra anabuh gamêlan | monggang pinirsa asri | bala Kartasura | angrês sêngkalanira | lar dadi bocahing bumi | kang kawuwusa | arsa nukup ing jurit ||

143. Surèngrana wus budhal sing wana Jipang | arsa [ar...]

--- 152 ---

[...sa] nukup ing jurit | bala Kartasura | kang abaris Sapanjang | lampahira sampun prapti | ing Surabaya | sabalanya umiring ||

144. kawarnaa Tumênggung Surawijaya | sampun miyarsa warti | lamun Surèngrana | bodhol saking ing wana | sigra nusul sawadyèki | praptèng Sapajang | masanggrahan tumuli ||

145. bala Kartasura asrêp manahira | ingkang samya abaris | anèng ing Sapajang | watawis tigang dina | wong Surabaya dhatêngi | rame kang yuda | wanci ing madya ratri ||

146. Rănggalawe saking lor dènnya narajang | Surèngrana Apanji | nêmpuh saking wetan | Apanji Kartayuda | saking kidul andhatêngi | wong Kartasura | lir gabah dèn intêri ||

147. Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | sura pêngkuh ing jurit | wadyabala Jipang | nênggih karoban lawan | ingurugan dhusun lêmbing | pasir myang panah | binendrongan ing bêdhil ||

148. wadya Jipang akathah ingkang palastra | wong Bali samya gusis | Ki Surawijaya | datan arsa mundura | binendrongan dening bêdhil | nanging tan pasah | ingurugan jêmparing ||

--- 153 ---

149. maksih gêgêr Tumênggung Surawijaya | sigra dipun pasiri | kêna jajanira | apan bucêg satuma | ingusap karaos sakit | kang kawarnaa | Kyai Kartanagari ||

150. karsanira atêtulung ing ayuda | sampun dipun ajangi | mring wong Surabaya | datan pantuk tulunga | dènnya jurit têngah wêngi | kongsi raina | sampun pisah kang jurit ||

151. pêndhak sore Tumênggung Surawijaya | kacarita ngêmasi | bala Kartasura | angrês ing manahira | têngah dalu bubar sami | akuthetheran | kathah kantun nèng margi ||

152. nênggih mêdal ing Garêsik lampahira | lajêng ngilèn lumaris | bala Kartasura | mêdal nagri Sêmarang | pan Surèngrana Apanji | bali Nglamongan | dènira anututi ||

153. ênêngêna sira Panji Surèngrana | gantya ingkang winarni | Sang Amral Baritman | wus praptèng Surabaya | angirit bala Kumpêni | kalih bragada | apan sampun apanggih ||

154. lan Kumêndur lan Apatih Cakrajaya | Kumêndur sigra warti | yèn asor kang yuda | Kumpêni kathah pêjah | Amral langkung banting topi [to...]

--- 154 ---

[...pi] | kêlangkung duka | ngambil sêmprong tumuli ||

155. wus sinêmprong nagari ing Surabaya | amral ebat ningali | agoyang kêpala | amundhut pari sigra | gêgantung munggèng ing ngarsi | Amral Baritman | kacatur arang bukti ||

156. karsanira amangan nisil kewala | miwah yèn arsa guling | dènnya sare sungsang | wus angsal tigang dina | angucap mring ki apatih | Ki Cakrajaya | nagari Surawèsthi ||

157. langkung awrat inggih pangraos kawula | lami kula dèn jurit | nagari ing sabrang | akathah ingkang pêjah | dhatêng kawula ing nguni | angraos wêgah | gèn kawula ajurit ||

158. nanging mangke nagari ing Surabaya | kula ebat ningali | yèn tan nglampahana | ayahaning narendra | sayêkti kawula bali | botên kaduga | bêdhah ing Surawèsthi ||

159. nanging mangke ki patih atur kawula | sampun alit kang ati | inggih pintên bara | wontên pasihaning hyang | sarta barkating narparti |[24] ing Surabaya | bêdhaha dening mami ||

160. Ki Apatih Cakrajaya pirêmbagan |

--- 155 ---

lan punggawa pasisir | prakawis ing tingkah | rencang ngulati pangan | ature para bupati | ingkang prayoga | pun adhi Tohjayèki ||

161. kang dadosa têtindhihing wadyabala | ngulari bêras pari | Kyai Cakrajaya | mèsêm alon lingira | emane tan duwe kanthi | adhi Tohjaya | duwea kanthi siji ||

162. yêkti dadi dandanan luwih prayoga | kang padha lan si adhi | Kyai Citrasoma | matur dhatêng apatya | pun Arya Kudus anênggih | adarbe wăngsa | Sirnayuda namèki ||

163. Panêmbahan Makaol kang darbe têdhak | purunipun nglangkungi | yèn mirsa sanjata | kêdah ngamuk kewala | tan beda lawan pun adhi | pun sirna yuda | nulya dipun timbali ||

164. apan dadya kanthine Kyai Tohjaya | kinarya senapati | ing wadya kang nglarag | sakèh wong Kartasura | sampun angsal bêras pari | kang kawarnaa | Pangeran Mandurèki ||

165. tinimbalan marang nagri Surabaya | marang rêkyana patih | nanging ing Mandura | lagya amanggih karya | aprang lan mantunirèki | Arya Dikara | Pamêkasan nagari ||

166. marganira

--- 156 ---

garwane Arya Dikara | purik dipun kukuhi | marang ingkang rama | Pangeran Cakraningrat | pan sampun dadi kang jurit | êlong linongan | wong Mandura kalindhih ||

167. dening bala Mêkasan wadya Mandura | akathah ingkang balik | marang Radèn Arya | Dikara duk samana | pangran kewran ingkang galih | dyan arinira | kinarya senapati ||

168. Radèn Suradiningrat kinèn mangguta | ngirit sagung prajurit | budhal saking kitha | sapraptanirèng rana | Pangeran Malik ing kapti | supe ing kadang | dènira rêbat singgih ||

169. kait lawan Jangkewuh mantri panuwa | sigra utusan aglis | marang Surabaya | katur wêwadulira | yèn kang raka tuhu balik | duta wus prapta | katur kiyai patih ||

170. sampun têlas ing purwa têkèng wêkasan | Suradiningrat nênggih | lamun ingkang raka | mangkya sêdya abăngga | kait lan wong Surawèsthi | yèn wontên karsa | kawula kang nanggupi ||

171. angrêmêta ingsun kakang Cakraningrat | dening salahing gusti | pan inggih kawula [ka...]

--- 157 ---

[...wula] | Malang datan ginêga | kathah wêwadule tuni | marang apatya | tuwin marang Kumpêni ||

172. langkung suka Ki Apatih Cakrajaya | Amral suka tan sipi | sampun aputusan | marang parau kapal | Kapitan Kartas kang nami | kinèn jathoka | muara Mandorèki ||

173. lawan wadya ing Sumênêp pinrentahan | milya radèn ajurit | duta wus tinulak | prapta nagri Mandura | katur sasolah ing nguni | Suradiningrat | langkung trustha ing galih ||

174. kunêng Pangran Cakraningrat winursita | sampun ngaturan uning | lamun arinira | sêdya mungsuh ing raka | langkung wagugên ing galih | sigra utusan | marang nagari Bali ||

175. minta tulung dènira mungsuh rinira | wau ingkang winarni | Dyan Suradiningrat | barise wus angrêda | wadya Sumênêp wus nunggil | myang Pamêkasan | pun nunggal ingkang baris ||

176. miwah bala Mandura sumuyut samya | pangran kesisan dasih | bubar barisira | arsa marêki kitha | sumahab bala lumaris | ingkang pangarsa | kitha sampun rinakit [rina...]

--- 158 ---

[...kit] ||

177. wus kinêpung Sang Dipati Cakraningrat | mêmpên nèng dalêm puri | prajurit kang têngga | nêmatus winitara | ing sabên dina kèh mijil | nusul mring Radyan | Suradiningrat sami ||

178. dadya kewran sang Dipati Cakraningrat | tinilar ingkang baris | dadya mupus ing tyas | pan arsa angungsia | pangeran marang Kumpêni | kang anèng kapal | miwah mring ki apatih ||

179. wus siyaga lan sagarwa putranira | nêdya numpak jêladri | wau balanira | Radèn Suradiningrat | saking jawi ambêdhili | dadya pangeran | gugup budhal tumuli ||

180. apan sampun andhingini lampahira | mring Kumpêni wèh paksi | ingkang anèng kapal | sira Kapitan Kartas | kalangkung suka ing galih | iya matura | ingsun ingkang nulungi ||

181. pan Kumpêni besuk ingkang angulihna | marang Mandura iki | miwah ki apatya | rêmbuge wus anèng wang | pan ingsun kinèn ngaturi | mring Surabaya | duta tinulak aglis ||

182. Sang Dipati Cakraningrat lolosira [lolosi...]

--- 159 ---

[...ra] | mêdal butulan wuri | kapêthuk utusan | lampahe sigra-sigra | sampun prapta ing pasisir | numpak ing palwa | garwa saputranèki ||

183. myang kang dasih kang trêsna samya binêkta | numpak ing palwa kunthing | ngunjal marang kapal | pangeran sampun prapta | minggah ing kapal tumuli | Kapitan Kartas | sigra budhal tumuli ||

184. wus binêkta pangeran minggah ing kapal | urmatira nglangkungi | sarya munggèng petak | wau kang garwa prapta | kapitan amêthuk malih | nèng jawi petak | kinèn aminggah malih ||

185. cinandhak kang asta dènira kapitan | urmat sênjata muni | sarwi nêcêp jăngga | wus tataning Wêlonda | tan abeda jalu èstri | saking gêng urmat | ing sang dyah salah kapti ||

186. pan gumêtêr anjrit Radèn Ayu Sampang | kang sinambat ing tangis | amung ingkang raka | pangran kagyat miyarsa | muka bang lir wora-wari | andik kang netra | lathi mawinga wêngis ||

187. krodha narik kêris wau ta kapitan | ginoco lambung kering | niba kapisanan | lajêng pangamukira |

--- 160 ---

wadya Kumpêni ngêbyuki | wus pinarbutan | dèn pestul myang kinarbin ||

188. pan kasompok Kumpêni samya amêdhang | nanging pangran tan busik | angamuk manêngah | anuduk kang katiban | pêjah tan kongsi ping kalih | myang putranira | milya ngamuk mangungkih ||

189. abusêkan gègère sajroning kapal | Kumpêni kèh ngêmasi | myang kang nandhang brăna | tandangira pangeran | lir singa lodra ngajrihi | kuthah rudira | gêmpang wadya Kumpêni ||

190. cinarita Kumpêni sakapal têlas | akêdhik ingkang kari | amung gala-gala | kang maksih sami mangsah | sami ngagêm sorot bêdhil | sira pangeran | sayah dèn gêbug bêdhil ||

191. lan tinubruk ing kursi pangeran tiba | lênggah dipun popori | myang kang para putra | pêjahe pinoporan | pangeran sampun ngêmasi | murda tinigas | binaktèng Surèngwèsthi ||

192. gêmbungira linabuh anèng samodra | Kumpêni ingkang kari | sigra dènnya layar | marang ing Surabaya | wau ta ingkang winarni |

--- 161 ---

Rahadèn Sura- | diningrat sawadyèki ||

193. dènnya ngêlut prapta sapinggiring toya | wangsul sawadyanèki | angêbroki kitha | Kumpêni sampun prapta | nagari ing Surawèsthi | sampun apanggya | amral lan radèn patih ||

194. katur solahira duk anèng lautan | amral ngungun tan sipi | tuwin ki apatya | langkung pangungunira | dene andêl ing ajurit | Kapitan Kartas | pêjah myang bala ênting ||

195. Ki Apatih Cakrajaya wus utusan | dhatêng ing Kartawani | tur uningèng nata | datan kawarnèng marga | prapta Kartasura enjing | punang caraka | cundhuk lawan narpati ||

196. sampun katur surat saking ki apatya | kapitèng tyas narpati | langkung ngungunira | punang duta tinulak | kadhahar turing narpati | wus pinatêdhan | angsul-angsul kang tulis ||

197. miwah ingkang nuwala Suradiningrat | pinatêdhakkên aglis | duta pinatêdhan | nimbali Radèn Sura- | diningrat mring Surawèsthi | angriga wadya | sakapraboning juri[25] ||

--- 162 ---

198. tan winarna caraka praptèng Madura | pan sampun dèn dhawuhi | wau Radèn Sura- | diningrat sigra-sigra | sakapraboning ajurit | gumrah kang wadya | budhal mring Surawèsthi ||

199. sampun prapta Rahadèn Suradiningrat | nagari Surawèsthi | tundhuk lan apatya | miwah Amral Baritman | myang sagung para bupati | pasisir ika | andhèr ngarsaning patih ||

200. pinaringkên nuwala maring rahadyan | Suradiningrat nênggih | lamun pinatêdhan | nagari ing Mandura | lawan sinungan wêwangi | gantyani raka | Cakraningrat Dipati ||

201. ingèstrenan sagunging para dipatya | miwah amral nêksèni | ing karsa narendra | pan lajêng adhêdharan | myang rêmbag masalah jurit | amral angucap | marang rêkyana patih ||

202. ki apatih inggih sumăngga ing karsa | masalah ing ajurit | apan sampun lama | kèndêl tan wontên mangsah | wus sêdhênge manggut jurit | apan kawula | angsal têlik ngajurit ||

203. kadi wontên pitulungira Hyang Suksma |

--- 163 ---

ari Salasa enjing | nêdha mangsah yuda | samya ngrabasèng ing prang | ki apatih tan nauri | inggih sakarsa | manira atut wuri ||

6. Pangkur

1. sampun dadya ingkang rêmbag | ingundhangan sakèh bala pasisir | laminya datan winuwus | prapta ari Salasa | enjing nêmbang têngara bêndhe angungkung | ki apatih wus siyaga | sakapraboning ajurit ||

2. punggawa pasisir samya | asanega miwah bala Kumpêni | gumrudug swaraning tambur | miwah Amral Baritman | lan apatya samana sampun angumpul | pangawat sampun tinata | kang munggèng ing kanan kering ||

3. sira Pangeran Mandura | wus tinuduh dadya pangawat kering | ing Tuban Garsik Sidayu | kang dadya kanthinira | anadene wadya pasisir sadarum | dadya panêngên sadaya | dene kang wadya Kumpêni ||

4. tan owah kalawan saban | munggèng dhadha ki patih anèng wuri | budhal kang wadya gumuruh | tingkês janggang nèng ngarsa | sira Amral Baritman lawan Kumêndur | Gobyo anindhihi [anindhih...]

--- 164 ---

[...i] wadya | gêgaman lir gunung gêni ||

5. Dipati Jayapuspita | wus miyarsa mungsuhe andhatêngi | sigraa têngara umyung | gumyah wong Surabaya | pan gumrêgut tandangira dulu mungsuh | wau ta rêkyana patya | kalawan bala Kumpêni ||

6. wus acêlak lawan kitha | sampun kèndêl samya anata biting | prasamya amasang ulur | mariyêm wus pinarnah | ing palatar luhur baluwartinipun | wadya pasisir sadaya | prasamya amasang biting ||

7. wadya Surabaya miyat | yèn mungsuhe sami angangsêg baris | samya aminggah ing luhur | amasang mriyêmira | nglela kalantaka anakan lan masbun | saksana campuh kang yuda | arame bêdhil-binêdhil ||

8. ngagêm sanjata kewala | kang mariyêm anèng ing balowarti | swaranya lir gunung rubuh | surak ambal-ambalan | Ki Dipati Jayapuspita cinatur | minggah dhatêng pêpanggungan | kodhokngorèke tan kari ||

9. umung anèng pêpanggungan | amral miyat solahe sang dipati | agoyang kêpalanipun | sigra ingaraharah [ingarah...]

--- 165 ---

[...arah] | kinèn nyipat ing mariyêm panggungipun | sinusulan ing gurnada | nanging tiba nèng atêbih ||

10. binendrong panggung ingarah | wadya Surabaya malês ambêdhil | samya kadya gêlap sèwu | kacatur pitung dina | dènira prang mariyêm siyang myang dalu | padhang wismèng Surabaya | ginunturan gutuk api ||

11. nanging wadya Surabaya | datan ana miris ingkang ing galih | kang têngga bitinganipun | eca angura-ura | kang anggambang kang ngrêmbab miwah kang nylêmpung | yèn wayah pukul sawêlas | wong wadone samya ngirim ||

12. mring lakine kang atêngga | pabitingan Kumpêni aningali | pinasang mariyêmipun | wong wadon gya sinipat | datan kandhêg eca dènnya gendhong sumbul | lumaksèng ing pabitingan | Kumpêni ebat ningali ||

13. wadya lit ing Surabaya | kang wong desa sabên dina kèh prapti | miwah ingkang para kaum | sangking ing pagunungan | sêdya milya aprang sabil karsanipun | arsa nauri sihira | ing gusti sang adipati ||

14. marma wong desa mangkana | lampahira ki dipati

--- 166 ---

ing nguni | sadaya parentahipun | desa myang pagunungan | ukur bisa sêmbayang ing pêthèk luput | miwah saniskarèng karya | dadya sadesa upami ||

15. purun asalat sadaya | kang parentah linuputakên sami | ing karya myang takêr turun | luput pangawang-awang | pinardikakakên wong sadesa iku | tan ana sinungan karya | malah atampi pêparing ||

16. amintêr saking jro kitha | mila sakèh suka samya ngêmasi | ing nguni Surabayèku | apan milya bismilah | ukur uwong sami agêgulang ngèlmu | laris ingkang talak binas | miwah patekah ingaji ||

17. nahan ganti kawuwusa | Panji Surèngrana nulya aprapti | saking gènira bêbujung | mring wadya Kartasura | dhatêng lajêng Nglamongan laminirèku | sira Panji Surèngrana | praptane karsa manggihi ||

18. srayane kang lagya prapta | sangking Nungsakambangan Murah Panji | Balèlèng kêkasihipun | bêkta bala sanambang | mila prapta Surèngrana kang angimpuk | pangêbang kang muni layang | èwêde Surèngranèki ||

19. ing nguni Dewa Kaloran | samutunge ing mangke angsal malih | duk samana atatêmu | kalawan Surèngrana [Su...]

--- 167 ---

[...rèngrana] | miwah Panji Kartayuda sarêng têmu | anèng desa ing Kapraban | wau dènira manggihi ||

20. sinunggyan sinuba-suba | apan arsa binaptèng mring nagari | Jayapuspita tan rujuk | dèrèng eca kang manah | maksih suka angadu prajurit kaum | arsa dèn pitambuhana | owêl ta manawi runtik ||

21. marma kalih arinira | samya kinèn manggihi Murah Panji | yèn benjang kasoranipun | karsanya ki dipatya | Murah Panji Bulèlèng kêna dèn adu | suda pangandêling Suksma | supe kodrating Yyang Widdhi ||

22. ngandêl sêsamining janma | mila suda yitnane ing ajurit | duk srayane dèrèng rawuh | wisma ing Surabaya | kang katiban gutuk api payonipun | ingkang kêni tan tumama | ing mangkya kathah kabêsmi ||

23. kuneng ingkang kawuwusa | sira amral lawan rêkyana patih | kalawan Gobyo Kumêndur | sami apagunêman | tuwin ingkang para bupati sadarum | Kumêndur Gobyo sru ngucap | kadipundi ki apatih ||

24. yèn ta agung makètêna | aprang mriyêm tanpa wêkasing jurit | yèn rêmbag nêdha pinanggut |

--- 168 ---

sami aprang adhadha | pintên kèhe obat mimis ingkang dhawuh | yèn manggunga babêdhilan | sawindu pan nora busik ||

25. wadya punika akathah | wong Kumpêni miwah wadyèng pasisir | myang wadya Mandura pênuh | kalangane punapa | kyana patih angrojongi mring kumêndur | miwah Sang Amral Baritman | ngundhangi bala Kumpêni ||

26. myang Apatih Cakrajaya | pra dipati wus samya dèn undhangi | siyaga arsa umanggut | sampun nêmbang têngara | bêndhe tambur gumêrah wadya gumrêgut | budhal saking pabitingan | kotbuta bala kumpêni ||

27. tatane baris tan owah | kadya sabên baris lumakyèng ngarsi | kang dèn kabayani ngayun | umyang kang balakuswa | Ki Dipati Jayapuspita winuwus | miyarsa yèn mêngsah prapta | ing alun-alun abaris ||

28. kang dadya pangawat kanan | Ki Ngabèi Jangrana ingkang rayi | ingkang munggèng keringipun | sira Jaka Tangkêban | ki dipati minăngka ing dhadhanipun | gêgaman awarna-warna | tinon lir prawata sari ||

29. gamêlanira angangkang | ki dipati adhangkrang dèn payungi | bala Kumpêni wus rawuh | sampun ayun-ayunan [a...]

--- 169 ---

[...yun-ayunan] | pan agamêng wadya Kumpêni lir mêndhung | sarêng têmpuh ing ayuda | pan sampun bêdhil-binêdhil ||

30. kang pangawat sarêng mangsah | wong Kumpêni angêdrèl wanti-wanti | pinirsa lir gêlap sèwu | barung lawan gamêlan | awor suraking bala atri gumuruh | pêtêng madyaning payudan | dening kukus angliputi ||

31. sumahab wong Surabaya | kadi mina măngsa sajroning warih | wadya Mandura anêmpuh | myang pasisir sadaya | ramening prang caruk wong kalawan mungsuh | Dipati Jayapuspita | angabani wong pasisir ||

32. ambyuk mangamuk manêngah | tingkês janggang sampun dèn obrak-abrik | miwah kang prajurit kaum | pangamuke lir yaksa | ingurugan jêmparing pasêr myang busur | susub kukusing sundawa | wadya Kumpêni kèh mati ||

33. Kumêndur Gobyo umiyat | yèn Kumpêni akathah ingkang mati | abanting topiyonipun | sigra ngrêgakên bala | miwah Amral Baritman sarêng umanggut | Kapitan Krêbun lan Lutnan | Pandêr Lènglèng angawaki ||

34. myang upêsir sarêng mangsah | Minangkabo Ambon Makasar Bugis |

--- 170 ---

sarêng dènira mangamuk | miwah bala Mandura | pra dipati pasisir ngrêgakên wadu | sakarine ingkang pêjah | Kumpêni mangamuk ngungkih ||

35. tan kewran wong Surabaya | pangamuke lir buta măngsa daging | para mantri sarêng ambyuk | payudan tanpa rungyan | samya kuthah ludira sariranipun | anumbak-numbak anigas | gumêr sambate wong kanin ||

36. tibane mimis lir udan | tigas ingkang gêgaman ting carêngkling | sêbrak suwèking lêlayu | rêkataking daludag | gêbyog-ginêbyog lêlayu umbul-umbul | saking ramening ayuda | kang sura aganti kêris ||

37. sawênèh dugang-dinugang | kuwêl ingkang yuda bithi binithik | arame gêbug-ginêbug | sanjata tanpa karya | tanpa wilang kang mati sungsun atimbun | lêbu malêdug siniram | ing ludira kadi tasik ||

38. kadi bêlah kang akasa | kêlap-kêlap pratiwi gonjang-ganjing | surêm kang surya sumêmbur | ginggang Sang Ăntaboga | lindhu awor prakêmpa kang parbata rug | ing payudan lir kiyamat | kocak ingkang jalanidhi ||

39. sadina dènira yuda | akèh wadya

--- 171 ---

ingkang singunên sami | ngêmasi ambuning marus | ing ludirèng kunarpa | pirang-pirang pandêlêng palagan pênuh | watang putung kadya sarah | kumbala lir lumut kèli ||

40. Kumpêni kalih brêgada | ingkang tumpês kajawi Ambon Bugis | Makasar Bali myang Butun | tumpês tanpa wilangan | Lutnan Pandêr Lèlèng punika kasambut | tumpês sakumpêninira | Kapitan Krêbun ngêmasi ||

41. Lutnan Pabadhêm palastra | miwah wadya Surabaya kèh mati | sapih kang yuda kasaput | ing dalu kawarnaa | Ki Dipati Jayapuspita ajumbul | lan sagung prajuritira | lèngsèr mring sawetan kali ||

42. baris ing kori sayatra | kithanira pan sampun dèn êbroki | dene sira Ki Tumênggung | Cakrajaya lan amral | duk samana prapta Kumpêni kang bantu | saking nagari Jakarta | kalih bragada kang prapti ||

43. pangiride Mayor Kustap | lan Kapitan Pardèmês Luknang Jakim | katri prajurit linuhung | wus panggih lawan amral | pan Kumêndur Gobyo langkung sukanipun | Kumpêni bantune prapta | panggih lawan ki apatih ||

44. ing dalu kang kawuwusa | pagunêman sagung para

--- 172 ---

bupati | kalawan para tumênggung | miwah Amral Baritman | myang Kumêndur Gobyo asru dènnya muwus | hèh ki patih paran karsa | punapa kèndêl ing jurit ||

45. ki apatih alon mojar | karsaningsun ing yuda sun kèndêli | angasokakên ing batur | sigra Pangran Mandura | asru matur marang sira ki tumênggung | yèn suwawi lawan karsa | lêhêng pinagut ing jurit ||

46. mupung dèrèng kêmbul lawan | kadangipun Surèngrana Apanji | myang Panji Kartayudèku | ing mangke lagya mangsah | inggih anèng ing Kapraban barisipun | amanggihi kancanira | pun Bulèlèng Murah Panji ||

47. yèn punika anunggêla | yêkti awrat pinanggut ing ajurit | inggih ta sadayanipun | salah siji rêbaha | dyan Kumêndur Gobyo nèmpèl wêntisipun | giyak sarwi latah-latah | itu bêtul lêbih baik ||

48. Kumêndur Gobyo punika | cinarita akêras tur bangbang pring | marmanira paksa manggut | saking tan bisa mulat | ing rusake Kumpêni kang manggut pupuh | sêdya angamuk kewala | apêpulih ing ajurit ||

49. rêmbag sagunging [sa...]

--- 173 ---

[...gunging] dipatya | ki apatih lan amral anuruti | datan kawarna ing dalu | enjing nêmbang têngara | gubar bèri gumrudug swaraning tambur | gumyuh ingkang balakuswa | sami samaktèng ajurit ||

50. budhal sagunging gêgaman | wus tinata pangawat kanan kering | ingkang munggèng têngênipun | pangeran ing Mandura | atimbangan wadyèng pasisir sadarum | gêgaman tanpa wilangan | kadya tasik tanpa têpi ||

51. ya ta wau kawuwusa | Ki Dipati Jayapuspita myarsi | kalamun mungsuh umanggut | sigra nêmbang têngara | wus siyaga wadyabala Surèngkewuh | gêgaman lir ardi puspa | myang pangawat kanan kering ||

52. sira Ngabèi Jangrana | munggèng kanan Jaka Tangkêban kering | myang para mantri sadarum | gêgaman sigra budhal | pan amêthuk kilèn lèpèn prênahipun | Dipati Jayapuspita | ginarbêg ing pra prajurit ||

53. wong dulangmangap sanambang | datan pisah lawan sang adipati | wadya talangpati sèwu | pinangku munggèng ngarsa |

--- 174 ---

para mantri anèng pangawat tinuduh | kang gêgaman sampun prapta | tata sakilèning kali ||

54. wadya Kumpêni wus prapta | ki apatih lawan bala pasisir | pan sarêng dulu-dinulu | lajêng campuh ing yuda | swaraning kang sanjata lir gunung rubuh | pêtêng kukusing sandawa | apan kadi têngah wêngi ||

55. tandange wong Surabaya | pan anusub anèng kukusing bêdhil | wong talangpati gumrêgut | manêngah ngamuk rampak | kang ing dhadha wadya Kumpêni tinêmpuh | akuwêl ulêng-ulêngan | wong Surabaya mangungkih ||

56. Kumpêni pangêdrèlira | datan anggob dening kukusing bêdhil | bala Mandura manêmpuh | surak kadya ampuhan | tuwin wadya pasisir sarêng anêmpuh | Dipati Jayapuspita | asuwarèng marang dasih ||

57. lah payo wong Surabaya | dulangmangab miwah wong talangpati | mêrêma bae sirèku | aja anyipta gêsang | apan iki patukuning swarga luhung | prajurit ing Surabaya | pangamuke mobat-mabit ||

58. kang katrajang lir sagêmpang |

--- 175 ---

wong Kumpêni akathah ingkang mati | ing wuri mangsah akiwul | Mayor Kustab kalawan | Kapitan Pardèmês pan sarêng umanggut | Kumêndur Gobyo manêngah | ngamuk tandange lir bêlis ||

59. siramral ngimpuni wuntat | lan Kapitan Konar lan Lunang Jakim | wadya Kumpêni anggargut | sura mangangah-angah | wadya Surabaya pangamuke liwung | sanjata datanpa karya | akuwêl pan silih-ungkih ||

60. Ki Tumênggung Cakrajaya | nêrêgakên wadya kang anèng wuri | suraking wadya gumuruh | umyang ponang gamêlan | mimis tiba dinulu pan kadya jawuh | wong Surabaya kèh pêjah | dulangmangab talangpati ||

61. nanging dèn idak kewala | wadya dulangmangab kiwul angungkih | Mayor Kustab pan apêngkuh | myang wadyanira samya | kawan dasa kang kinèn anganggêm durbus | kang nêmpuh ngarsaning Kustab | wong Surabaya kèh mati ||

62. dadya bênggang sanalika | sinusulan gurnat lan gutuk api | ingkang tinêrajang gêmpur | kunarpa lir babadan | pacing anggulasah wadyèng Surèngkewuh | Dipati Jayapuspita | anglela madyaning jurit ||

63. lan sagung pacaranira [pacarani...]

--- 176 ---

[...ra] | bawat lante gêndhaga anèng ngarsi | upêt miwah kang kêkacu | tan owah linggihira | sang dipati eca anggènira udud | ing lantaran dinamonan | upête ing rare alit ||

64. Kumêndur Gobyo umiyat | ing solahe wau ki adipati | bramantyanira kalangkung | sarwi nrêgakên bala | binarondong ki dipati asru muwus | iya mara êntèkêna | mimis obatmu wong kapir ||

65. kacatur ki adipatya | lan rasukanira pranakan putih | sarwi udhêng gilig wungu | arja anyamping limar | tinon kadi andaka tuhu binagus | Kumpêni pangêdrèlira | tan pêgat awanti-wanti ||

66. tan miris Jayapuspita | eca gigit sadak sarwi nudingi | dèn aparêg kumêndurmu | sira Jaka Tangkêban | saking kering awas dènira andulu | yèn kang paman pinarbutan | sigra angingêr turanggi ||

67. pangawatira dèn tilar | sira Jaka Tangkêban sru nyamêthi | ing turăngga sigra mamprung | kuda nandêr manêngah | pun mangun-sih rasning kuda janjan biru | kasangsang ing ganjur atab | binendrongan dening bêdhil ||

68. turăngga

--- 177 ---

tan patuk nêngah | katadhahan ing mungsuh kanan kering | Jaka Tangkêban angamuk | watangira ingikal | kinêmbulan ing prajurit ngarsa pungkur | kasan tinumbak kang kêna | ing kering kèh angêmasi ||

69. ngarsa mawur tinarajang | wusirasub miwah ing kanan kering | tan kewran pangamukipun | sira Jaka Tangkêban | kudanira katiban mimis wus lampus | niba Ki Jaka lumumpat | lawung katut ing turanggi ||

70. putung dyan narik curiga | sira Jaka mangamuk karo kêris | lir andaka tandangipun | ri sêdhêng atan brana | para mantri ing Surabaya andulu | manêngah samya kotbuta | kang katrajang sami ngisil ||

71. Jaka Tangkêban wus prapta | ing ngarsaning wau sang adipati | nangis anungkêmi suku | ngandika sang dipatya | lah asoa kulup aja paksa ngamuk | dyan mangsah kang anglut prapta | sangking kering angêbyuki ||

72. sira Ngabèi Jangrana | munggèng kanan rame gènira jurit | nanging karoban ing mungsuh | binendrong kering kanan | ingurugan sanjata myang pasêr busur | sira Ngabèi Jangrana | jajanira akrêp kanin ||

--- 178 ---

73. pan ing jawi datan pasah | ing jro rêmpu Ki Ngabèi ngêmasi | wadya Surabaya dulu | sakarine kang pêjah | samya ngamuk lir danawa tandangipun | wong Kumpêni samya tadhah | arame asilih-ungkih ||

74. akuwêl dènira yuda | ki dipati sampun ngaturan uning | lamun kang rayi kasambut | Ngabèi Jayèngrana | nyandhak watang Jayapuspita umanggut | lawan wadya dulangmangap | Jaka Tangkêban tan kari ||

75. para mantri Surabaya | miyat lamun ki dipati ngawaki | sarêng karuna umatur | dhuh gusti sang dipatya | sampun tuwan age angawaki pupuh | yèn kawula dèrèng pêjah | eca anjênêngi wuri ||

76. pan wadya maksih akathah | atanapi têtiyang talangpati | miwah kang prajurit kaum | inggih maksih sudira | dene rayi paduka ingkang kasambut | pun Ngabèi Jayèngrana | kawula ingkang pêpulih ||

77. Jayapuspita lingira | payo barêng pêpulih lawan mami | tan ana wêkasanipun | nadyan silih matia | sarêng lawan para mantri-mantriningsun | sadina iki wak ingwang | kêdah têmên angêmasi ||

78. nadyan dèn [dè...]

--- 179 ---

[...n] pêpalangana | ora kêna ingsun sadina iki | wus sêdhênge payo ngamuk | para mantri karuna | sarêng mangsah Jaka Tangkêban nèng ngayun | anggargut wong dulangmangab | ketbuta[26] wong talangpati ||

79. mangsah dharat ki dipatya | kalaganjur lan monggang sarêng muni | kang pangawat sampun ngumpul | nunggil sang adipatya | surak umyang para mantri sarêng ambyuk | talangpati dulangmangab | Kumpêni sarêng nadhahi ||

80. kumêndur amral umiyat | lamun Jayapuspita angawati | sigra nêrêgakên wadu | upêsir sarêng mangsah | sira Gobyo anyakoti piyonipun | mobat-mabit tandangira | angabani wong Kumpêni ||

81. miwah bala ing Mandura | myang pasisir sami atata malih | rame dènnya sarêng têmpuh | samya kuthah ludira | ramening prang para mantri Surèngkewuh | prasamya raub ludira | pangamukira lir bêlis ||

82. Dipati Jayapuspita | solahira kadya binayangkari | dèn iring ing kalaganjur | lawan mogang[27] angangkang | upacaranira sawiji tan kantun | Kumpêni ebat tumingal | sakarine ingkang mati ||

83. tan kandhêg pangêdrèlira |

--- 180 ---

sira Jayapuspita anadhahi | asru dènira amuwus | lah iya lanat kopar | mêdhatia mimis tanapi obatmu | rêbutên Jayapuspita | lajêre wong Surawèsthi ||

84. para mantri Surabaya | pangamuke samya atawan tangis | wau kawarta misuwur | pêjahira Jangrana | para garwa sadaya sami anusul | lan garwane sang dipatya | samya nusul tawan tangis ||

85. sapraptanira payudan | para garwa anjrit sami nungkêmi | asambat ngaturi mundur | dhatêng sang adipatya | adandana yèn sampun dandan amanggut | yèn wus kumpul para kadang | pun janji Surèngranèki ||

86. myang Apanji Kartayuda | dadya kewran tyasira sang dipati | ginubêl ing para arum | sigra mundur lon-lonan | dyan prajurit Kumpêni samya angêlut | ambêdhili saking wuntat | nanging bala Surawèsthi ||

87. narungi sarwi lumampah | golong datan owah tataning baris | samana kasaput dalu | mundur bala Mandura | wong pasisir myang Kumpêni sarêng mundur | kang tumpês madyèng palagan | babrêgadan pra Kumpêni ||

88. Ki Apatih Cakrajaya | lawan amral makuwon kitha malih | sira Jayapuspitèku [Jayapuspi...]

--- 181 ---

[...tèku] | wangsul ing prênahira | baris kapang warnanên sakèthèng dalu | Panji Surèngrana lawan | Apanji Kartayudèki ||

89. miyarsa ing yudanira | ingkang raka rêmpu kari ngêmasi | apanji kalih wus rawuh | seba marang kang raka | ki dipati ginubêl ngaturan mêtu | saking salêbêting kitha | sampun kasompok ing jurit ||

90. sang adipati lingira | karsaningsun tumpêsa jro nagari | mungsuh iki yèn sun dulu | kêthèn yutan awêndran | buh tikêle lan wadyèngong Surèngkewuh | ewasamono wak ingwang | sarambut durung gumingsir ||

91. kang rayi kalih amêksa | ingaturan nunggil lan Murah Panji | Balèlèng ingajak manggut | sang dipati ngandika | iya marang sagunging prajuritipun | myang para kaum sadaya | ngapinjal aturing gusti ||

92. kang satêngah ana ngucap | botên angsal punika aprang sabil | dene akanthi wong kupur | bala Nungsakambangan | Kêtib Bawa alon dènira amuwus | sanadyan padha kapira | kapir têtulung wong Bali ||

93. Walănda kapir sikara | dyan akathah kang sami rêmbag mijil | lèngsèr sangking jro

--- 182 ---

kitha wus | myang ari kalih maksa | angaturi dadya giwang ing tyasipun | sang adipati wus mêdal | saking praja sawadyèki ||

94. angumpul lan arinira | sampun ngumpul Kapraban sang dipati | amung kèndêl kalih dalu | lajêng dhatêng kaputran | akêkuwu saha wadyakuswa umung | myang bala Nungsakambangan | pun Bulèlèng Murah Panji ||

95. tunggil baris nèng kaputran | nanging têbih lawan sang adipati | miranti sawadyanipun | wau kang kawuwusa | Amral Britman lawan ki apatih wau | Cakrajaya wus miyarsa | yèn Japuspita Dipati ||

96. lèngsèr sing pintu sayatra | nèng kaputran mangkya dènira baris | kumêndur arsa angêlut | nanging amral tan rêmbag | miwah sira ki apatih datan rêmbug | Kumêndur Gobyo amêksa | dadya sagung pra dipati ||

97. samya urunan kewala | rong bragada Kumpêni kang dèn irit | sigra budhal barisipun | datan kawarnèng marga | Amral Britman lawan sira ki tumênggung | sami angantun nèng kitha | mung urunan para mantri ||

98. Kumêndur Gobyo lampahnya | sampun prapta kaputran sawadyèki | wong Surabaya a[...] | [...] | [...] | [...] | [...] ||[28]

 


macal. (kembali)
Surabaya. (kembali)
Lebih satu suku kata: sakathahe sang adipati. (kembali)
Tanggal: paksa guna ngrasa wani (AJ 1632). Tahun AJ 1632 jatuh antara tanggal Masehi: 24 Maret 1708 sampai dengan 12 Maret 1709. (kembali)
Tanggal: gêni tiga winayang ing siti (AJ 1633). Tahun AJ 1633 jatuh antara tanggal Masehi: 13 Maret 1709 sampai dengan 1 Maret 1710. (kembali)
Lebih satu suku kata: wong Mantaram pun suyut sadaya. (kembali)
Lebih satu suku kata: sampun campuh ing ayuda. (kembali)
mantune. (kembali)
kacandhak. (kembali)
10 Tanggal: Sênèn Wage kawan wêlas (14) Jumadilakir Êdal (Dal): trus guna angrangsang tunggal (AJ 1639). Tanggal Masehi: Senin 17 Juni 1715. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: pra bupati santana miwah kang mantri. (kembali)
12 rawuh. (kembali)
13 pangantèn. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: wênèh kang balitung. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: duk sêmana kundure utusan aglis. (kembali)
16 Lebih satu suku kata: ginadhe dhatêng apanji. (kembali)
17 sanggupe. (kembali)
18 kuntul. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: Ki Ngabèi Jangrana sigra angatag. (kembali)
20 Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: tandangira ngajrihi. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: papan ting garopatan. (kembali)
22 Lebih satu suku kata: kaabang lamun kèksi. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: Kyai Arjapuspitèki. (kembali)
24 narpati. (kembali)
25 jurit. (kembali)
26 kotbuta. (kembali)
27 monggang. (kembali)
28 Belum menemukan halaman yang tersisa dari naskah ini. (kembali)