Babad Sruni, Soemodidjojo, 1953, #805

Judul
Sambungan
1. Babad Sruni, Soemodidjojo, 1953, #805. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Babad Sruni, Soemodidjojo, 1953, #805. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
Citra

BABAD SRUNI

NYARIYOSAKÊN PAMBALELANIPUN TUMÊNGGUNG SRUNI

Miturut sêrat cathêtan pinindha babad ingkang sinimpên dening trahipun.

Cithakan Kapisan

[Grafik]

Kawêdalakên dening:
Radèn Soemodidjojo
ing Praja Dalêm Ngayogyakarta Hadiningrat
1953

--- [1] ---

BABAD SRUNI

NYARIYOSAKÊN PAMBALELANIPUN TUMÊNGGUNG SRUNI

Miturut sêrat cathêtan pinindha babad ingkang sinimpên dening trahipun.

Cithakan Kapisan

[Grafik]

Kawêdalakên dening:
Radèn Soemodidjojo
ing Praja Dalêm Ngayogyakarta Hadiningrat
1953

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

BABAD SRUNI

Kacariyos kala ing Nagari Mataram ingkang jumênêng Nata Ingkang Sinuwun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat Agung, ing tanah Panjêr wontên satunggiling Bupati ing Sruni, nama Mas Tumênggung Kêrtinagara, Mas Tumênggung wau putranipun Mas Tumênggung Pramonca ugi ing Sruni. Dene Mas Tumênggung Pramonca putranipun Ki Mas Monca. Sarêng Ki Mas Monca jinunjung dados Pêpatih Dalêm ing Pajang, lajêng nama Harya Moncanagara. Dados Mas Tumênggung Kêrtinagara ing Sruni, punika wayahipun Papatih Dalêm ing Pajang Harya Moncanagara.

Wondene putranipun Mas Tumênggung Kêrtinagara ingkang mêdal saking mBok sêpuh wontên tiga, jalêr kalih, èstri satunggal. Ingkang sêpuh nama Ki Kêrtilêksana, lajêng Ki Kêrtisêntika, wuragilipun èstri nama Mas Rara Rintên. Putra ingkang saking mBok ênèm, ingkang kacariyosakên namung satunggal èstri, nama Mas Rara Ranti. Dados ingkang kocap ing ngriki, putranipun Mas Tumênggung Kêrtinagara wau namung sakawan, jalêr kalih, èstri kalih.

Putra jalêr kakalih Ki Kêrtilêksana lan Ki Kêrtisêntika wau sami kaserenan kasêktèn linangkung, botên pasah tapak paluning gurenda tuwin tajêming badhama, bèrkuwanèn saha wantêr ulah kridhaning aprang, dhasar sugih kagungan.[1]

Ing sabên dintên tansah anggladhi ulah dadamêl tuwin pasang gêlaring ngayuda dhatêng para mantri, dêmang saandhahanipun sadaya, punapa dene dhatêng para kawula prajurit arahan. Amila para tumênggung, mantri, dêmang sahandhahanipun ing sakiwa têngênipun ngriku sami ering dhatêng Mas Tumênggung ing Sruni.

Mas Tumênggung Kêrtinagara sangêt rênaning galih, dene putranipun kakalih sami kasinungan kadigdayan tuwin kaprawiraning ngadilaga. Mila lajêng tuwuh gagasanipun, sumêdya mirong kampuh jingga, botên badhe caos bulubêkti tuwin sowan dhatêng Karaton Mataram.

Mas Tumênggung ugi mangêrtos bilih ambalela ing Ratu Gustinipun punika nama nistha. Ananging sarèhning rumaos botên sagêd ngêndhak hawa nêpsunipun, badhea kados pundi kemawon kawusananipun ing têmbe, inggih badhe linampahan. Sukur sagêd manggih kamulyan, pancèn punika ingkang kinajêngakên. Dene yèn lêpat, sanadyan manggih papa sangsara, agêngipun dumugining pêjah pisan, ugi badhe dipun andhêmi kanthi eklasing manah. Mila makatên margi Mas Tumênggung sampun botên sagêd nyabili sêdyanipun, jalaran saking angèngêti dhatêng Ingkang

--- 4 ---

Sinuwun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat Agung ing Mataram wau sangêt daksiya tanpa wêlas dhatêng para kawula. Pangastaning paprentahan botên adil, kathah kemawon para santana tuwin abdi dalêm, punapa dene para kawula ingkang kapatrapan paukuman pidana botên satimbang kaliyan dosanipun. Mila salêbêting praja katingal surêm botên wontên manonipun. Para santana Dalêm tuwin Bupati, Mantri saandhahanipun, punapa dene para kawula, sami kêkês tintrim miris akêtir-kêtir, bilih wontên kalintuning tindak, sanadyan botên kajarag pisan, têmtu badhe nampi pidananing Nata.

Ing satunggiling dintên Mas Tumênggung Kêrtinagara nimbali putranipun kakalih, sarêng sampun sami sowan, Ki Tumênggung ngandika: thole anak-anakku, andadèkake bungahing wong ngatuwamu, dene saka panyawangku, kowe sakarone wus padha miyatani ngrampungi gawe saupama ing sawêktu-wêktu padha dak pasrahi panggawe kang luwih abot, iya marga saka kaprawiranmu ing ngajurit. Kang dadi sêdyaku mau wus dakrêndhêm suwe ana sajroning ati, ing saiki bakal dak wêdharake marang kowe kabèh. Satêmêne bae, wong ngatuwamu sumêdya ambalela ing Sang Prabu Mataram. Mungguh saka rêmbugmu sakarone kapriye, apa iya padha ngrujuki, mara nuli matura aja nganggo ewuh pakewuh. Putra kakalih matur sasarêngan: ing sadèrèngipun rama mêdharakên punapa ingkang dados pagêdhonganing karsa, ingkang putra sampun sami mangêrtos, mila inggih sampun sami jagi-jagi ing sadèrèngipun, enjing utawi sontên sampun sumêkta, kantun ngêntosi dhawuhipun rama kemawon. Ingkang rama: iya bangêt panarimaku, dene kowe padha ngêmên-êmênake lan nyumurupi marang pasang sêmuning kakarêpane wong tuwa.

Ing wêktu punika Mas Tumênggung Kêrtinagara kajawi kaadhêp putra kakalih, Lurah prajurit Ki Sutamênggala, andêl-andêlipun Ki Kêrtilêksana ingkang sangêt pinitados ugi tumut sowan, mila inggih lajêng kapundhutan titimbanganing rêmbag. Ki Lurah Sutamênggala matur: O, Kiyai Tumênggung, ing sadèrèngipun ingkang abdi matur, bilih atur kula ing mangke botên sagêd kadhahar, kaparênga Kiyai Tumênggung amaringana pangapuntên dhatêng ingkang abdi. Mênggah saking pamanggih kula, sampun dados ila-ila wiwit ing jaman kina-makina, sintên kemawon ingkang kumapurun ambalela ing Ratu Gustinipun, punika ing têmbe wingkingipun botên prayogi kadadosanipun. Awit jumênênging Ratu punika sanyata saking wahyu paparingipun Pangeran piyambak, margi Ratu wau kakarsakakên dados wawakilipun, mila Ratu lajêng kasêbut Kalifatulah. Dene yèn Ratu wau nêrak jênênging Kalifatulah, mangêrtosipun botên

--- 5 ---

jêjêg pangastaning pangadilan sarta botên wêlas asih dhatêng para kawula, punika Pangeran piyambak ingkang badhe midana dhatêng Sang Prabu. Atur kula punika namung salêrêsipun kemawon ingkang mêdal saking manah suci, botên pisan-pisan mambêngi karsanipun Kiyai Tumênggung. Dene yèn aturipun ingkang abdi ingkang makatên wau botên kadhahar, kula inggih namung ndhèrèk cumadhong dhawuh, sarta badhe kula labêti kanthi angêtohakên nyawanipun ingkang abdi Lurah Sutamênggala punika.

Sarêng Mas Tumênggung Kêrtinagara mirêng aturipun Lurah Prajurit Sutamênggala, ing batos Mas Tumênggung ngalêmbana dhatêng pratitising aturipun, pancèn lêrês makatên punika. Sanadyan makatêna, bawanipun Ki Tumêggung sampun kapanjingan kamurkan, rumaos botên sagêd ngêndhak hawa nêpsunipun anggènipun badhe madêg pribadi botên kaêrèh ing Mataram, amila sêdyanipun Mas Tumênggung Kêrtinagara inggih badhe kalajêngakên. Wasana lajêng ngandika dhatêng putranipun: thole, anakku karo, mungguh ature si Sutamênggala iku ora kêna diunggahi, pancèn iya bênêr mangkono iku.

Kajaba iku wus kasêbut ing ndalêm wirayat, sing sapa kanggonan pusaka Kangjêng Kiyai Jabardas, yaiku kang kawahyon pinasthi jumênêng Nata ing Tanah Jawa. Dene nyatane ing saikine, Kangjêng Kiyai Jabardas mau dadi pusaka Karaton Mataram. Mula saka iku, dak ênggo pasanggiri, yèn aku bisa njupuk Kangjêng Kiyai Jabardas saka sajroning Karaton Mataram, iku pratandha aku kaidènan jumênêng Nata, yèn mangkono Kraton Mataram enggal dak gêpuk ing prang. Dene yèn ora bisa njupuk Kangjêng Kiyai Jabardas, sêdyaku ambalela ing Ratu dak wurungake, sarta aku enggal sowan seba ing ngarsane Ingkang Sinuwun Kangjêng Susuhunan. Bisa lan orane njupuk Kangjêng Kiyai Jabardas mau, dak wangêni suwe-suwene 3 taun lawase. Wangênan 3 taun mau ngiras tata-tata kapurantining ngayuda, sarta ngulid kridhaning ulah paprangan marang para wadyabala ing Sruni kabèh, supaya samangsa-mangsa têmpuking gawe angrabasèng mungsuh ora nguciwani. Mara saiki pulunanku si Trunayuda enggal timbalana, bakal dak pasrahi pagaweyan kang luwih gawat, lumaku marang Mataram.

Botên antawis dangu Ki Trunayuda sampun sowan, lajêng kadhawuhan punapa ingkang dados wigatosing karsa, inggih punika kinèn lampah sandi-upaya dhatêng Mataram, andhustha pusaka Dalêm Kangjêng Kiyai Jabardas. Sasampunipun winêling-wêling pamrayogining lampah,Ki Trunayuda lajêng pangkat dhatêng Mataram.

Botên kacariyos roroncèning lampah, enggaling cariyos Ki Trunayuda sampun suwita ing ngarsa Dalêm Ingkang Sinuwun

--- 6 ---

Kangjêng Susuhunan Mataram. Panggalih Dalêm Ingkang Sinuwun langkung rêna nampèni pasuwitanipun tiyang saking Sruni pun Trunayuda, margi badhe angsal katêrangan-katêrangan mênggah kawontênanipun Tumênggung Kêrtinagara ing Sruni, jalaran Ingkang Sinuwun sampun midhangêt pawartos pambalelanipun Tumênggung Sruni. Mênggah anggènipun Ingkang Sinuwun Kangjêng Susuhunan angabdèkakên tiyang saking Sruni wau nama kainan sangêt, margi botên titipriksa[2] lan ngawekani lampah dom sumuruping toya.

Pangabdinipun Ki Trunayuda kacêlak sangêt dening Sang Prabu, têtêp abdi kinasih. nDilalah sanadyana Ingkang Sinuwun sampun wuninga dhatêng pambangkangipun Tumênggung Sruni, têka panggalih Dalêm sêpên botên ngawekani bilih pangabdinipun tiyang Sruni wau saking pandamêlipun Tumênggung Kêrtinagara.

Ki Trunayuda tansah ambudidaya, kadospundi sagêdipun nandukakên kaculikanipun. Sarèhning wontên ing salêbêting Karaton botên wontên ingkang nyurigani, mila kalayan gampil pamêndhêtipun pusaka Dalêm Kangjêng Kiyai Jabardas wau. Sarêng sampun kapêndhêt enggal-enggal kabêkta kesah mantuk dhatêng Sruni, lampahipun ing wanci têngah ndalu bidhal saking Mataram. Botên kacariyos lampahipun ing margi, Ki Trunayuda sampun dumugi ing Sruni têrus sowan Mas Tumênggung Kêrtinagara. Kapetang wiwit pangkat ngantos mantukipun Ki Trunayuda dumugi ing Sruni, laminipun sawêg kalih taunan.

Kados punapa kemawon bingahing manahipun Mas Tumênggung Kêrtinagara, sayêkti tanpa pipindhan, ciptaning manah nagari Mataram sampun karêgêm ing astanipun. Mila lajêng nimbali putranipun kakalih. Sarêng sampun sami sowan lajêng ngandika: thole, kang dak gawe pasanggiri yaiku pusaka Dalêm Kangjêng Kiyai Jabardas, saiki wus kêna kaboyong marang Sruni, lah iki rupane. Ing saiki bakal dak lêksanani anggonku ambalela ing Ratu lan tumuli ambêdhah ing Mataram. Mula tumuliya siyaga ing gawe aja nganti nguciwani. Yèn wus sumêkta enggal budhalan angingirup tanah sakiwa têngêne Sruni kene dhisik. Para Mantri lan Bupatine têlukna dhisik, yèn bangga lunasana. Ingkang putra nyandikani, enggal ambidhalakên wadyabala.

Sawêg salapan dintênan kemawon saking angkating wadyabala Sruni, para Tumênggung saandhahanipun ing sakiwa têngêning ngriku sampun sami nungkul, sarta kathah ingkang sami nungkul aris botên sarana linawan pêrang. Dhasar mamanahanipun Mas Tumênggung Kêrtinagara bèrbudi sangêt balaba, sae pangrêngkuhipun dhatêng sintên kemawon, sarta sagêd ngêmong kawula, punapadene sagêd mêndhêt manahipun tiyang kathah. Amila sawêg satêngah taunan kemawon saking pangramanipun, jajahanipun [ja...]

--- 7 ---

[...jahanipun] Mas Tumênggung Kêrtinagara ing Sruni sampun wiyar. Inggih punika mangidulipun sampun dumugi ing pasisir kidul, mangilèn dumugi tanah Roma, mangalèr dumugi tanah Lêdhok (Wanasaba), dene mangetanipun mèh dumugi tanah Kuthawinangun.

Mênggah pangramanipun Mas Tumênggung Sruni sampun kapirêng saking Mataram, lajêng konjuk Sang Prabu, andadosakên dudukaning panggalih Dalêm. Tumuntên paring dhawuh dhatêng putra Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati tuwin Kangjêng Pangeran Pugêr, punapadene dhatêng Papatih Dalêm, sami ndikakakên nyirêp wontênipun kraman ing Sruni, upamia latu, mumpung dèrèng andados. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati matur sandika, tumuntên badhe pangkat bobodholan, anindhihi wadyabala. Ing ngriku Kangjêng Gusti Pangeran Adipati munjuk, murih tumuntên sirêping kraman ing Sruni, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati nyuwun pusaka Dalêm wangkingan Kangjêng Kiyai Jabardas.

Ingkang Sinuwun marêngakên, lajêng utusan mundhut pusaka Dalêm Kangjêng Kiyai Jabardas wau, nanging pinanggih sêpên, kaupadosan ing gêdhong panêpèn, papan ingkang kagêm nyarèkakên sadaya pusaka Dalêm, sampun kaubrês mêksa botên pinanggih, tetela bilih sampun musna saking pasareyanipun.

Abdi ingkang kautus, munjuk ing ngarsa Dalêm, bilih pusaka Dalêm Kangjêng Kiyai Jabardas ing papan sumarenipun botên wontên, ingupadosan bokbilih sumare nunggil kaliyan pusaka Dalêm sanès-sanèsipun ugi botên pinanggih, tetela bilih pusaka Dalêm wau sampun musna saking salêbêting dhatulaya.

Sarêng ingkang Sinuwun Kangjêng Susuhunan midhangêt unjukipun utusan Dalêm wau, sangêt kêjot lan pangunguning panggalih Dalêm, pangudaraosing nggalih, bilih Karaton kaoncatan kagungan Dalêm pusaka wau, saèstu ing Mataram badhe risak samangsa tinêmpuh ing mêngsah.

Sang Prabu sangêt kèmêngan ing badrairawan, têmah tigang pandurat botên angandika, sakala binuka wêwênganing panggalih Dalêm, botên kasamaran malih bilih pusaka Dalêm Kangjêng Kiyai Jabardas wau sampun wontên ing Sruni, margi kabêkta dening abdi kinasih ingkang saking Sruni. Tetela bilih tiyang wau kèngkènanipun Tumênggung ing Sruni, kinèn andhustha kagungan Dalêm pusaka.

Sang Prabu alon angandika: putraningsun kaki Pangeran Pati lan Pangeran Pugêr, apadene papatihingsun, marga saka musnane pusakaningsun Kiyai Jabardas, karsaningsun anyirêp kraman ing Sruni bêcik kasumênèkake dhisik. Sabab pusakaningsun [pusaka...]

--- 8 ---

[...ningsun] saiki wus ana ing Sruni, yèn ing Sruni linawan, ora wurung prajurit Mataram akèh kang kapara tiwas.

Karsaningsun, ing saiki ambudidaya, kapriye prayogane bisane kondur pusakaningsun mau. Kiyai Patih munjuk: dhuh Gusti pupundhèn kula Ingkang Sinuwun, abdi Dalêm pun Patih kaparênga munjuk ing ngarsa Dalêm Ingkang Sinuwun, bilih kaparêng saha kapadaning karsa Dalêm Ingkang Sinuwun, prayogi utusan abdi Dalêm alampah sandi dom sumuruping toya, abdi Dalêm Dêmang Sutawijaya kayêktèn sagêd manjing ing agal lêmbat sarta kenging pinitados, mungguh sangêt dados utusan nDalêm, saking pangintênipun abdi Dalêm pun Patih, kados-kados sagêd angondurakên pusaka Dalêm ingkang oncat saking salêbêting Karaton Dalêm. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati tuwin Pangeran Pugêr anyondhongi. Ngarsa Dalêm Ingkang Sinuwun sangêt suka pirênaning panggalih Dalêm sarêng midhangêt unjukipun Rêkyana Patih.

Saking kaparênging karsa Dalêm murih botên ngatawisi ing lampah, Ki Dêmang Sutawijaya kapindhah dados Dêmang ing Kuthawinangun, inggih punika tanah sacakêtipun ing Sruni ingkang dèrèng karêbat ing kraman. Dhawuh timbalan Dalêm Ki Dêmang ndikakakên boboyongan tumuntên saanak semahipun dhatêng Kuthawinangun. Ing têmbe yèn sagêd angsal damêl, saturun-turunipun badhe kamuktèkakên.

Sarampunging dhawuh Dalêm, Rêkyana Patih kaparêng mundur saking ngarsa Nata. Sadumuginipun ing dalêm Kapatihan, enggal utusan nimbali Ki Dêmang Sutawijaya, sampun kerid sowan sasarêngan salampahing utusan. Sadumuginipun ing dalêm Kapatihan Kyai Patih mratelakakên bilih ngêmban dhawuh timbalan Dalêm Nata, Ki Dêmang kimarsakakên[3] liyêr (pindhah) dados Dêmang wontên ing Kuthawinangun. Milanipun Ki Dêmang kapindhah wau, mênggah ingkang dados karsa Dalêm, Ki Dêmang ndikakakên ngayahi dhawuh Dalêm ingkang saklangkung awrat kanthi lampah winados, dene tumindaking lampah, murih sadèrèngipun angsal damêl botên kawiyaking mêngsah, dipun sakajêngakên Ki Dêmang piyambak, kadospundi prayoginipun, babasanipun: amèk iwak aja buthêk banyune. Mênggah wigatosing lampah sampun kadhawuhakên, inggih punika mundhut konduripun pusaka Dalêm Kangjêng Kyai Jabardas ingkang kadhustha dening Tumênggung Sruni, ingkang sapunika ambalela, sarta sampun murwani ngêlar jajahan, punapadene sumêdya ngrabasèng Mataram.

Ki Dêmang sangêt pangunguning manah, sarta matur sandika badhe ngèstokakên punapa sadhawuh timbalan Dalêm wau, botên sanès namung nyuwun pangèstu Dalêm Nata, mugi-mugi [mugi-...]

--- 9 ---

[...mugi] sadaya dhawuh Dalêm Ingkang Sinuwun sagêd katindakakên sarta angsal damêl. Sarêng sampun botên wontên ingkang winiraos, Ki Dêmang nyuwun palilah mantuk, badhe tata-tata boboyongan saanak semahipun dhatêng Kuthawinangun.

Ênggaling cariyos Ki Dêmang sampun dumugi ing Kuthawinangun, dipun tampi dening para titiyang ing ngriku kanthi bingahing manah, dene ing Kuthawinangun dipun tanêmi Dêmang saking Mataram, pangintênipun têmtu wadyabala Sruni botên sami wani anggêcak ing Kuthawinangun, dene saupami puruna, têmtu ing Kuthawinangun binantonan saking Mataram.

Sarêng Ki Dêmang Sutawijaya anggènipun gigriya wontên ing Kuthawinangun sampun angsal sawatawis wulan, ing satunggiling dintên Ki Dêmang sowan dhatêng Kabupatèn Sruni, matur dhatêng Mas Tumênggung Kêrtinagara, asêngadi bilih sowanipun wau pêrlu ngupados pangèngèran, dados kesahipun Ki Dêmang saking Mataram dhatêng Kuthawinangun wau namung ngungsèkakên gêsang, jalaran saking tinundhung dhatêng Ingkang Sinuwun, mangka botên rumaos dosa punapa-punapa. Dene anggènipun karaya-raya ngungsi gêsang dhatêng wêwêngkoning Kabupatèn Sruni, margi mirêng loking titiyang Mataram punapadene bakul sinambi wara[4], bilih pangagênging Kabupatèn Sruni sangêt wêlasasih saha lumintu dadananipun dhatêng sasamining ngagêsang. Awit saking punika, mila ciptaning manahipun Ki Dêmang wiwit nalika taksih wontên ing Mataram, botên wontên malih kajawi panjênênganipun Mas Tumênggung ingkang sagêd angayomi.

Mas Tumênggung Kêrtinagara kakênan manahipun mirêng aturipun Ki Dêmang Sutawijaya ingkang sajak angrêrêpa amaladsih wau, panggalihipun sangêt trênyuh, dhasar Mas Tumênggung wau pancèn bèrbudi ambêg lêgawa, wêlasasih ing sasami, mila pangèngèripun Ki Dêmang wau inggih dipun tampi kanthi sukarêna, sarta dipun akên sadhèrèk sinarawèdi. Pisowanipun Ki Dêmang wontên ing Kabupatèn Sruni ngantos sadintên, ing wanci sontên sawêg kemawon mantuk dhatêng Kuthawinangun.

Saunduripun Ki Dêmang Sutawijaya, ingkang putra kakalih Ki Kêrtilêksana tuwin Ki Kêrtisêntika matur dhatêng ingkang rama, aturipun: rama, tutulung dhatêng tiyang ingkang wajib dipun tulungi, punika satunggiling pandamêl ingkang utami, nanging sampun tilar ing weweka, sintên sumêrêp bilih Dêmang Sutawijaya wau utusan Dalêm Ingkang Sinuwun Kangjêng Susuhunan Mataram ingkang amarasandi. Ingkang

--- 10 ---

rama mangsuli: aturmu iku bênêr, aku uga duwe pangira, bisa kadadeyan mangkono iku, mula bêcik aja padha tinggal kaprayitnan.

Gancaring cariyos, saking rêmpit lan sagêdipun Ki Dêmang Sutawijaya anggènipun mêndhêt manahipun Ki Tumênggung Sruni dalah anak-anakipun, sarèhning sadaya takdir lalampahaning manungsa punika pancèn botên kenging ewah, inggih sampun ndilalah dene Mas Tumênggung tuwin Ki Kêrtilêksana punapadene Ki Kêrtisêntika wau sami sirna sanggarungginipun dhatêng Ki Dêmang Sutawijaya. Saya lami pasadhèrèkanipun saya sae, supêkêtipun sampun kadosdene sadhèrèk tunggil yayah rena, sampun ical kaprayitnanipun, kapitadosanipun sangsaya kandêl, ngantos sadaya lampah pangêmbating praja punapadene anggènipun angêlar têbaning tanah jajahan, ugi nêdha rêmbagipun Ki Dêmang Sutawijaya. Amila pangêlaring jajahan saya dangu saya kêndho, margi tansah dipun alang-alangi dening Ki Dêmang Sutawijaya, sarana têmbung ingkang sajakipun sarwa mikantukakên dhatêng Ki Tumênggung. Punapadene Ki Dêmang botên kêndhat pangrekadayanipun, lampah kadospundi ingkang prayogi katandukakên murih enggal kalêksanan angsal damêl anggènipun ingutus dening Sang Prabu ing Mataram.

Kacariyos sarêng Ki Dêmang Sutawijaya sampun angsal tigang taunan anggènipun dados Dêmang wontên ing Kuthawinangun, Ki Dêmang sasemahipun katimbalan dhatêng Sruni, ugi lajêng enggal-enggalan pangkat sowan.

Sadumuginipun ing Kabupatèn Sruni, Ki Dêmang sasemahipun dipun panggihi wontên ing pandhapi wingking. Ki Kêrtilêksana tuwin Ki Kêrtisêntika ugi sami tumut manggihi. Sasampunipun sami ambagèkakên kawilujênganipun, Ki Tumênggung lajêng paring pangandika dhatêng Ki Dêmang jalêr èstri, bilih anakipun jalêr Ki Dêmang ingkang sêring dipun kèngkèn sowan dhatêng Sruni, badhe kapêndhêt mantu, kaangsalakên putranipun Ki Tumênggung ingkang patutan saking mbok ênèm, nama Mas Rara Ranti.

Cês kados siniram ing toya sawindu tuwin sinawuran sêkar sawakul raos bingahing manahipun Ki Dêmang jalêr èstri, sarêng mirêng dhawuhipun Ki Tumênggung ingkang makatên wau, ciptaning manah sampun angsal pitulunganing Pangeran, kasêmbadanipun angsal damêl anggènipun dados utusan Dalêm, Kangjêng Kyai Jabardas prasasat sampun rinêgêm ing tanganipun. Ki Dêmang lajêng matur nyumanggakakên, wontênipun namung cumadhong karsa. Punapa malih [ma...]

--- 11 ---

[...lih] nampèni ganjaran ingkang samantên agêngipun botêna angaturakên, sanadyan pêjah gêsangipun yèn pinundhuta, ènjing sontêna ugi kasumanggakakên kanthi eklasing manah, botên pisan anggrantês sarambut pinara sasra. Mas Tumênggung sakaliyan langkung rêna mirêng aturipun Ki Dêmang, dene sampun kacocogan rêmbagipun. Karsanipun Mas Tumênggung dhawahing ndamêl badhe tumuntên, kantun nêtêpakên dintênipun kemawon, samangsa sampun angsal dintên ingkang sae tumrap ijabing pangantèn, nanging namung kadamêl riringkêsan kemawon. Ki Dêmang namung sumanggèng karsa lan sangêt panuwunipun, dene ngantos samantên gênging sih kanugrahanipun Mas Tumênggung ingkang tanpa titimbangan, mangka Ki Dêmang rumaos dèrèng wontên lalabêtanipun babar pisan. Sasampunipun cêkap rêrêmbaganipun, Ki Dêmang sasemahipun nyuwun pamit mantuk dhatêng Kuthawinangun.

Sadumugining griya lajêng nyariyosakên dhatêng anakipun jalêr, yèn piyambakipun badhe kapêndhêt mantu dhatêng Mas Tumênggung Sruni. Makatên ugi Ki Dêmang lajêng nyariyosakên wawados ingkang taksih sinimpên, inggih punika anggènipun Ki Dêmang nilar ing Mataram lajêng gigriya ing Kuthawinangun, sajatosipun ingutus dhatêng Sang Prabu, ndikakakên mundhut wangsul kagungan Dalêm pusaka Kangjêng Kyai Jabardas ingkang kadhustha Mas Tumênggung Sruni. Mila ingkang putra winêling, ing benjing samangsa ndikakakên anglurug pêrang dhatêng Mataram, kang putra kinèn mothah nyuwun pusaka Kangjêng Kyai Jabardas wau, sêngadi kangge mêthukakên mêngsah murih botên mindho damêl. Ingkang putra nyandikani.

Botên kacariyos têmpuking damêlipun Mas Tumênggung Kêrtinagara amiwaha putra, gancaring cariyos putra pangantèn sami atut-runtut lan sampun anggadhahi anak jalêr klayan wilujêng, andadosakên kabingahing bapa biyungipun, makatên ugi Mas Tumênggung Kêrtinagara, punapadene Ki Dêmang Sutawijaya.

Ing satunggiling dintên Ki Dêmang Kuthawinangun sowan dhatêng Sruni kados adat sabênipun, prêlu ngrêmbag lampahing praja, ngiras tuwi putra sarta ngèngêtakên bab piwêling ingkang sampun kawangsitakên.

Sandangunipun[5] Ki Dêmang wontên ing Sruni, Mas Tumênggung tansah ngginêm lan nêdha pamrayogi dhatêng Ki Dêmang, anggènipun badhe ngêlar jajahan mangetan, salajêngipun dumuginipun ing Mataram. Ki Dêmang angrujuki lan badhe nyaosi babantu titiyang ing Kuthawinangun ingkang

--- 12 ---

pipilihan sami wantêr-wantêr, punapadene mrayogèkakên angkating wadyabala Sruni benjing ing dintên Soma Manis ngajêng punika, margi petanganing dintên gathuking kaliyan palintangan pinanggih sae, adat yèn kangge nglurug pêrang badhe angsal boboyongan kathah. Mas Tumênggung sangêt bingah lan suka panarimah, punapadene Ki Dêmang ndikakakên tumuntên mantuk anataa pabarisanipun ingkang badhe kabantokakên. Ki Dêmang lajêng mantuk gagancangan lampahipun, sadumuginipun ing Kuthawinangun lajêng amêpakakên titiyang ingkang badhe kabiyantokakên dhatêng wadyabala Sruni.

Saunduripun Ki Dêmang saking Sruni mantuk dhatêng Kuthawinangun, ingkang putra mantu, inggih anakipun Ki Dêmang wau matur dhatêng ingkang rama marasêpuh, aturipun: "Rama, prakawis pangêlaring jajahan tanah mbang wetan dumugining ajêng-ajêngan klayan mêngsah wadyabala Mataram, rama botên sisah nyalirani piyambak, cêkap kapasrahna para putra kemawon, kados botên badhe nguciwani".

Ingkang rama mangsuli: "Aku iya wus pracaya marang kaprawiranmu lan marang kakangmu karo pisan, kaya-kaya wus padha bisa ngêntasi gawe, nanging aja padha tinggal ing weweka, bêcik sing padha ngati-ati, aja pisan nyêpèlèkake mungsuh, apadene sakabèhing tindak aja ninggal ing kautaman". Ingkang putra matur: pangèstunipun rama kemawon ingkang kula suwun, mugi-mugi sagêda nglampahi punapadene sagêd angsal damêl. Iya, dak pangèstoni, muga Pangeran anyêmbadanana, ing saiki dak lilani mundur, tumuli tata-tataa sapêrlune, nuwun inggih sandika. Ingkang putra nyuwun pamit mundur, badhe tata-tata tuwin rêrêmbagan kaliyan ingkang èstri.

Ing wanci enjing umum-umun,[6] ngajêngakên angkating para wadyabala ing Sruni anggènipun badhe nglurug pêrang, putranipun èstri Mas Tumênggung marak ingkang rama klayan ngêmban anakipun ingkang maksih jabang, wigatosipun dipun kèngkèn ingkang jalêr bapakipun bayi, pêrlu nyuwun pusaka wangkingan Kanjêng Kyai Jabardas, supados sagêd unggul pêrangipun. Yèn Kanjêng Kyai Jabardas botên kaparingakên, ingkang putra bapakipun bayi sumêdya anglampus dhiri, jalaran botên wande inggih badhe pêjah wontên ing Mataram, tinimbang pêjah wontên Mataram aluwung pêjah ing samangke wontên Sruni tinêngganan dening semah. Kados makatên punika atur piwêlingipun ingkang putra, mila manawi rama botên maringakên panyuwunipun, kula inggih botên purun kantun badhe nganyut tuwuh, dados ingkang wayah bayi badhe lola, botên tinêngganan bapa biyung.

Kados punapa kemawon jibêging nggalihipun Mas

--- 13 ---

Tumênggung sarêng mirêng aturipun ingkang putra. Yèn kinêkahana, badhe kecalan putra ingkang sawêg kemawon gadhah anak taksih jabang. Yèn kaparingakên têmtu badhe kapatrapan paukuman wasesaning Nata punapa sadosanipun, anglêngkara yèn Ingkang Sinuwun Mataram amaringana pangapuntên.

Ki Tumênggung botên kasamaran malih, bilih pamothahing anakipun mantu nyuwun Kangjêng Kyai Jabardas wau têmtu saking pakènipun Ki Dêmang Sutawijaya, dados Ki Dêmang wau mêngsah amara sandi utusanipun Sang Prabu Mataram.

Puputoning[7] manah, sarèhning Ki Tumênggung sampun rumaos dosa, margi kumapurun cidra dhatêng Ratu Gustinipun, punapadene sampun rumaos sêpuh, mila Kangjêng Kyai Jabardas inggih badhe kaparingakên dhatêng putranipun mantu. Amargi saking konduripun Kangjêng Kyai Jabardas konjuk ing ngarsanipun Ingkang Sinuwun Kangjêng Susuhunan, punika ingkang dados lantaran dhawahing kamulyanipun ingkang putra mantu wau. Dados sambotên-botênipun, ing wuri turunipun Ki Tumênggung taksih nglajêngakên sami manggih kamulyan. Mênggah pidananipun Sang Prabu ingkang badhe kasandhang, badhe dipun tampi kalayan suka rêna tuwin eklasing manah, minangka panumbasing kamuktènipun anak putu ing têmbe wingking.

Sasampunipun anggêlêngakên tekad makatên, Kangjêng Kyai Jabardas lajêng kaparingakên dhatêng putranipun mantu. Sarêng ingkang putra mêngkêr, Ki Tumênggung lajêng dhawuh dhatêng putranipun kakalih, kinèn anyandèkakên anggènipun badhe ngêlar jajahan mangetan, sabab têmtu botên badhe sagêd nanggulangi wadyabala Mataram, amargi Kangjêng Kyai Jabardas sampun oncat saking Sruni. Ingkang putra kakalih kinèn sami mupus papasthèning Pangeran. Putra kakalih sangêt cuwaning manah, badhe nglajêngakên panglurugipun ajrih dhatêng ingkang rama.

Sarêng Kangjêng Kyai Jabardas sampun katampèn dhatêng putranipun mantu, enggal-enggal Kangjêng Kyai Jabardas wau lajêng katampèkakên dhatêng bapakipun, inggih punika Ki Dêmang Sutawijaya. Ki Dêmang sangêt cumêplonging manah, dene sampun angsal damêl anggènipun dados utusaning Nata.

Kacariyos sawêg kemawon Ki Dêmang wiraosan badhe sowan dhatêng Mataram, angunjukakên pusaka Dalêm Kangjêng Kyai Jabardas, dèrèng ngantos kalampahan, katungka kraman Trunajayan.

Ingkang Sinuwun lolos saking Kadhaton, kadhèrèkakên

--- 14 ---

putra Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati tuwin Pangeran Pugêr, punapadene para prajurit sawatawis ingkang pipilihan. Jêngkar Dalêm mangilèn, wadyabala kraman tansah angodhol jêngkar Dalêm ing sapurugipun. Sarêng kraman Trunajayan anggènipun ngodhol jêngkar Dalêm Ingkang Sinuwun dumugi têpis wiringing tanah Panjêr, lajêng kapêthukakên dêning wadyabala Sruni, katindhihan Ki Kêrtilêksana tuwin Ki Kêrtisêntika, kabiyantu dening Ki Dêmang Sutawijaya saanakipun sarta titiyang ing Kuthawinangun. Têmpuking wadyabala Trunajayan lan Kêrtinagaran saklangkung rame, gêntos unggul gêntos katitih, dangu-dangu wadyabala Trunajayan kasoran juritipun. Sakantuning wadyabala ingkang pêjah, sami lumajar rêbutdhucung asalang tunjang angungsèkakên gêsang, saklangkung ajrih dhatêng pangamukipun prajurit Kêrtinagaran.

Sasirnaning kraman Trunajayan, Ki Dêmang Sutawijaya lajêngan kemawon anusul jêngkaripun Sang Prabu, ingkang ing wêktu punika lêrêm amakuwon wontên ing Banyumas, amargi Ingkang Sinuwun lajêng kataman gêrah. Ki Dêmang munjuk ing ngarsa Dalêm Ingkang Sinuwun, bilih anggènipun ingutus sagêd angsal damêl, pusaka Dalêm Kangjêng Kyai Jabardas sagêd karêbat malih sarana aris.

Ing sarèhning abdi Dalêm pun Tumênggung Kêrtinagara sapunika sampun dados besan, punapadene sampun ngrumaosi dosanipun, anggènipun kumawani ing panjênêngan Dalêm Nata. Panêbusing dosa, Ki Tumênggung anyorohakên pêjah ambelani Ngarsa Dalêm Ingkang Sinuwun, inggih punika ngamuk punggung mêthukakên kraman Trunajayan ingkang ngodhol ambujêng jêngkar Dalêm Sang Nata. Pamêthukipun Ki Tumênggung sarêng kraman sampun cakêt sangêt kaliyan jêngkar Dalêm Ingkang Sinuwun, inggih punika wontên tanah Panjêr inggih ing Sruni. Pêrangipun sakalangkung rame, acampuh pêrang kalih dintên, tinindhihan anakipun Ki Tumênggung kakalih pisan tuwin abdi Dalêm anak kula, mêksa dèrèng wontên ingkang katingal asor unggulipun. Sarêng dintên ingkang kaping tiganipun abdi Dalêm Ki Tumênggung Kêrtinagara, tutulung anarambul angungsir mêngsah, botên antawis dangu wadyabala kraman sirna larut. Ing sapunikanipun pun Tumênggung Kêrtinagara taksih apacak baris, angêrigakên wadyabalanipun mangetan dumugi ing tanah Sêmawung, anjagi bilih wadyabala kraman angsal babantu majêng malih panêmpuhipun.

Awit saking punika, mugi wontêna kêparênging karsa Dalêm Ingkang Sinuwun, amaringana pangapuntên sadosanipun abdi dalêm [da...]

--- 15 ---

[...lêm] pun Tumênggung Kêrtinagara wau. Awit Ki Tumênggung sampun kayêktèn kawantêranipun anglangkungi ing sasami, kenging kinanthi ing panjênêngan nDalêm Nata, sayêkti langka angupadosa ingkang kados abdi Dalêm pun Tumênggung Sruni wau. Makatên ugi Ki Tumênggung sampun aprasêtya, bilih ing Mataram kaancikan parangmuka, Ki Tumênggung suka ingabên angrabasèng mêngsah, dadosa tatawur lamaking ngajurit, inggih makatên punika prasêtyanipun abdi Dalêm pun Tumênggung Kêrtinagara.

Ingkang Sinuwun sangêt pirênaning galih midhangêt unjukipun Ki Dêmang Sutawijaya, dene kagungan Dalêm pusaka wangkingan Kangjêng Kyai Jabardas sampun sagêd kondur, langkung malih sarêng midhangêt prasêtyanipun Tumênggung Kêrtinagara, ingkang lajêng sagêd angundurakên kraman, sanalika gêrah Dalêm sagêd sênggang. Dhawuh timbalan Dalêm, pusaka Dalêm Kangjêng Kyai Jabardas ndikakakên nyaosakên dhatêng putra dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Pati. Wondene Ki Tumênggung Kêrtinagara ugi pinaringan pangapuntên, punapadene dhawuh timbalan Dalêm sadaya tanah ing sakiwa têngên Sruni ingkang sampun karêbat dening Ki Tumênggung kalêstantunakên dados bawahan ing Sruni, punapa dene Ki Tumênggung Kêrtinagara lajêng jinunjung lênggah dados Wadananing para Bupati ing tanah Panjêr, Roma, Sêmawung lan Lêdhok, nama lêstantun, nanging kaparêng ngangge sêsêbutan Radèn, dados nama: Radèn Tumênggung Kêrtinagara, Wadananing para Bupati mbang kilèn ing tanah Panjêr, Roma, Sêmawung tuwin Lêdhok. Namung kemawon ing sabên taun Tumênggung Kêrtinagara kêdah saos bulubêkti lan seba dhatêng Mataram kados ingkang sampun.

Ki Dêmang Sutawijaya sampun kalilan mantuk dhatêng Kuthawinangun, ananging sarèhning gêrah Dalêm Ingkang Sinuwun katingal kimat malih, malah mindhak dintên gêrah Dalêm saya santêr, mila Ki Dêmang dèrèng purun mantuk.

Kacariyos gêrah Dalêm Ingkang Sinuwun Kangjêng Susuhunan madal saliring jajampi, botên antawis dintên Ingkang Sinuwun dumugi ing janji surud kondur ing jaman kanirwanan. Surud Dalêm wontên ing tanah Banyumas, kasarèkakên wontên ing Têgalarum tanah Têgal, margi saking pamundhut Dalêm piyambak nalika gêrahipun. Dawuh Dalêm dhatêng putra Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Pati, bilih salira Dalêm surud, mundhut kasarèkakên ing papan ingkang sitinipun angganda arum. Dene pinanggihipun siti ingkang angganda arum wau wontên ing dhusun Talang (têbihipun saking ing griya Kabupatèn Têgal watawis [wata...]

--- 16 ---

[...wis] tigang pal). Pasareyan Dalêm wau lajêng nama Têgalarum, kapêndhêt ing papan riku sitinipun angganda wangi.

Botên antawis dintên saking surud Dalêm Ingkang Sinuwun, Ki Dêmang Sutawijaya gagancangan mantuk dhatêng Kuthawinangun. Saking bingah-bingahing manah, Ki Dêmang notol daya-daya badhe papanggihan kaliyan Mas Tumênggung Kêrtinagara ingkang angsal sih Dalêm ingapuntên sadosanipun, punapadene jinunjung apangkat Wadananing Bupati saha kaparêng ngangge sêsêbutan Radèn.

Mila antukipun Ki Dêmang botên têrus anjujug ing Kuthawinangun, nanging mampir rumiyin sowan Radèn Tumênggung Kêrtinagara ing Sruni.

Jujuling kabingahing manah, Ki Dêmang botên kenging ingampêt, mila sarêng dumugi ing ngajêngipun Radèn Tumênggung Kêrtinagara, Ki Dêmang lajêng angrungkêbi pangkonipun radèn Tumênggung sarwi nangis anggêlolo. Ki Tumênggung bela tangis, ciptaning manah badhe nêmahi bilai, anampèni paukuman pidananing Nata, Ki Tumênggung manunggilakên manah sumarah ing Pangeran.

Sasampunipun sarèh tuwin tumata manahipun, Ki Dêmang andhawuhakên timbalan Dalêm Ingkang Sinuwun Kangjêng Susuhunan, mênggah saking kaparênging karsa Dalêm, Mas Tumênggung Kêrtinagara kajawi ingapuntên dosanipun, ugi jinunjung dados Wadananing Bupati mbang kilèn, nama lêstantun sarta kaparêng ngangge sêsêbutan Radèn. Dene lênggahipun angênèmi Bupati Banyumas Radèn Tumênggung Yudanagara. Bawahanipun para Bupati, miturut tanah-tanah ingkang sampun karêbat dening Ki Tumênggung, inggih punika: Panjêr, Roma lan Lêdhok, punapadene ambawahakên para Bupati ing tanah Sêmawung minangka ganjaran anggènipun sampun angundurakên kraman Trunajayan. Anamung kemawon Ki Tumênggung ing sabên taun kêdah seba sowan dhatêng Mataram, anyaosakên bulubêkti kados ingkang sampun, punapadene kagungan Dalêm pusaka Kanjêng Kyai Jabardas kapundhut kondur dhatêng Karaton.

Radèn Tumênggung Kêrtinagara sangêt suka sukur ing Pangeran, sarambut pinara sastra[8] botên ngintên yèn kados makatên kadadosanipun. Ing suwau rintên ndalu botên wontên malih kajawi namung èngêt pamancasing paukuman nDalêm panjabuting nyawanipun. Mila kados punapa kemawon bingahing manahipun Ki Tumênggung, sayêkti botên wontên pipindhanipun. Radèn Tumênggung Kêrtinagara mangsuli dhatêng Ki Dêmang, botên ngintên yèn badhe nampèni sih Dalêm ingkang samantên

--- 17 ---

agêngipun, mila sadaya dhawuh timbalan nDalêm ingkang Sinuwun badhe kaèstokakên, lan sangêt sêmbah nuwun, sarta aprasêtya botên pisan-pisan badhe anindakakên malih lalampahan kados ingkang sampun-sampun.

Ki Dêmang Sutawijaya wontên Kabupatèn Sruni nyipêng sadalu, enjingipun nyuwun pamit mantuk dhatêng Kuthawinangun, andadosakên bingahing para kulawarga.

Kacariyos krama[9] Trunajaya sampun botên katingal muncul malih, bawah Kabupatèn Sruni sampun têntrêm. Ingkang ngêmbat ruwêt rêntênging Nagari putra kakalih Ki Kêrtilêksana tuwin Ki Kêrtisêntika, kabiyantu Ki Dêmang Sutawijaya, inggih Ki Dêmang punika ingkang minangka sêsêpuhipun. Margi Ki Dêmang wau alus bubudènipun, sagêd ngêmong kawula, dhasar wêgig ing agal lêmbat, sinêmbuh Radèn Tumênggung Kêrtinagara wawatakanipun bèrbudi balaba suka dadana asih trêsna dhatêng kawula kathah. Andadosakên karaharjaning tanah Kabupatên Sruni sabawahanipun sadaya, têtêp loh jinawi mirah sandhang boga. Mila lajêng kathah tiyang saking mbang kilèning tanah Roma, inggih punika saking tanah Banyumas saanteronipun ingkang sami pindhah panggenan dhatêng bawah Kabupatèn Sruni.

Radèn Tumênggung Kêrtinagara manahipun sampun sumèlèh, sarta rumaos marêm nampèni sih Dalêm wisudhan apangkat Wadananing Bupati, makatên punika botên liya saking Ki Dêmang Sutawijaya lantaranipun, mila dhatêng Ki Dêmang saya sangêt sihipun, dhasar sampun dados besan. Pangêmbat panindaking Nagari botên tilar rêmbagipun Ki Dêmang Sutawijaya, dene Ki Dêmang inggih sangêt bêktinipun, dhasar cocog mamanahipun, sami dene alusing bubudèn lan rahayu mamanahipun.

Ingkang wêktu punika kakancingan nDalêm katêtêpaning pangkat Wadananing Bupati tuwin sêsêbutan: Radèn, saking Mataram dèrèng kaparingakên, margi katungka saking surud Dalêm Ingkang Sinuwun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat Agung.

Sakondur Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati saking Têgalarum anyarèkakên layoning rama Dalêm Ingkang Sinuwun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat Agung, sarta sarêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati sampun jumênêng Nata ajujuluk Ingkang Sinuwun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat, kakancingan Dalêm wisudhan Tumênggung Sruni kaangkat dados Wadananing para Bupati mbang kilèn nama Radèn Tumênggung Kêrtinagara, sawêg kemawon sagêd amaringakên.

Kacariyos wiwahaning kêpyakan katêtêpaning Wadana Bupati, kasarêngakên kaliyan mikramakakên putranipun èstri

--- 18 ---

Radèn Tumênggung Kêrtinagara ingkang wuragil saking garwa sêpuh, nama Mas Rara Rintên, kaangsalakên Ki Kramalêksana anakipun Ki Kramayuda ugi Sruni.

Botên kacariyosakên roroncènipun wiwiahan,[10] ing ngriki namung kacariyosakên, bilih para Bupati saandhahanipun ingkang kalêbêt bawahan Sruni, ugi sami sowan angèstrèni wiwahan wau, punapadene ugi kajênêngan utusan nDalêm Ingkang Sinuwun Kangjêng Susuhunan, mila sakalangkung rame, ngantos 3 dintên 3 ndalu sawêg bibaran.

Antawis kalih wulanan kaliyan anggènipun mikramakakên putra, Radèn Tumênggung Kêrtinagara kadhèrèkakên Ki Dêmang Sutawijaya, punapadene ingkang putra mantu Ki Kramalêksana, sowan seba ing ngarsa Dalêm Ingkang Sinuwun Kangjêng Susuhunan ing Kartasura (Karaton ndalêm sampun pindhah saking Mataram dhatêng Kartasura), angunjukakên upêti bulubêkti wulu wêdaling kagungan nDalêm tanah Panjêr. Punapadene angabdèkakên anakipun mantu, ingkang sawêg kalih wulanan pinanggihipun kaliyan anakipun èstri, nama Kramalêsana.[11]

Saking kaparênging karsa Dalêm, pangabdinipun Ki Kramalêksana katampi, dhawuh timbalan nDalêm, Ki Kramalêksana kapatêdhan dados mantri Pamajêgan ing Klêgènkilang, wêwêngkon Kabupatèn Sruni, sêsêbutanipun Ngabèi, nama lêstantun, dados têtêp nama Ngabèi Kramalêksana.

Sarêng pisowanipun Radèn Tumênggung Kêrtinagara sampun angsal pêndhak dintên, dhawuh timbalan nDalêm, abdi Dalêm Tumênggung Kêrtinagara saanakipun kalilan mundur mantuk dhatêng Sruni. Sadumugining griya, ingkang putra mantu Ngabèi Kramalêksana tumuntên kinèn mangkat boboyongan dhatêng Klêgènkilang (ing sapunika katêlah karan dhusun Selang têbihipun saking Sruni watawis 3 pal, saking kitha Kêbumèn 1 pal têbihipun), nglampahi ayahan nDalêm dados abdi Dalêm Mantri Pamajêgan.

Sarêng ingkang jumênêng Nata ing Kartasura Ingkang Sinuwun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat Jawi, Radèn Tumênggung Kêrtinagara tuwin Ki Dêmang Sutawijaya sami dumugi ing janji, mantuk ing jaman kalanggêngan.

Anak ingkang sêpuh Ki Kêrtilêksana anggêntosi kalênggahanipun Bupati, nama Radèn Tumênggung Kêrtinagara II, nanging botên madanani Bupati, dados namung Tumênggung limrah. Dene ingkang rayi Ki Kêrtisêntika dados agul-agul manggalaning wadyabala, tuwin mangrèh ubêng-ingêring paprentahan [papren...]

--- 19 ---

[...tahan] Nagari. Punapadene ingkang anggêntosi Dêmang ing Kuthawinangun, anakipun jalêr Ki Dêmang Sutawijaya, inggih putra mantunipun Radèn Tumênggung Kêrtinagara I.

Kacariyos Radèn Tumênggung Kêrtinagara II sangêt cuwaning manah, dene botên sagêd têtêp anggêntosi kalênggahanipun ingkang rama dados Wadananing Bupati, margi pangkat Wadana Bupati ing mbang kilèn lajêng kadadosakên satunggal wontên Banyumas.

Ing sarèhning Radèn Tumênggung Kêrtinagara II rumaos mimpang unggul tinimbang kaliyan Radèn Tumênggung Yudanagara ing Banyumas, ing bab samudayanipun prakawis ulah kaprajan tuwin gunakasantikanipun, mila Radèn Tumênggung Kêrtinagara II botên purun kaêrèh dhatêng Banyumas. Makatên ugi para Bupati ingkang rumiyin anglurah dhatêng Sruni, ugi têrus taksih kabawah dhatêng Radèn Tumênggung Kêrtinagara II sarta kaawisan botên kenging sowan, agêngipun purun nglampahi saparèntahipun Bupati Banyumas, bilih wontên ingkang wani nêrak, badhe dipun têlasi. Mila inggih botên wontên satunggal-tunggala Bupati tanah Sruni ingkang wani sowan dhatêng Banyumas, dados taksih têtêp panglurahipun dhatêng Radèn Tumênggung Kêrtinagara II ing Sruni.

Radèn Tumênggung Yudanagara sampun mirêng bab punika, mila lajêng utusan dhatêng Sruni, angèngêtakên dhatêng Radèn Tumênggung Kêrtinagara II, sampun ngantos kalajêng-lajêng tindakipun ingkang makatên punika. Mênawi botên purun mantuni, badhe kalapurakên dhatêng Nagari Kartasura.

Sarêng Radèn Tumênggung Kêrtinagara II nampèni utusan saking Banyumas, sangêt bramantya, ing Banyumas ginêcak ing prang tan mangga puliha.

Radèn Tumênggung Yudanagara oncat anyilibakên bala, têrus sowan dhatêng Kartasura ngunjuki wuninga ing Sang Prabu. Dhawuh timbalan nDalêm Ingkang Sunuwun, Tumênggung Yudanagara ndikakakên wangsul sarta angirid wadyabala ing Kartasura anglawan yudanipun Tumênggung Kêrtinagara II ing Sruni.

Sarêng wadyabala Kartasura dumugi ing tanah Sêmawung, lajêng kapêthukakên wadyabala Sruni, nanging karoban lawan, lajêng kaunduran. Sarêng sampun dumugi ing Kuthawinangun lajêng acampuh prang sakalangkung rame. Pêrang sampun sawulan laminipun, taksih katingal sami purunipun, gêntos unggul gêntos kalindhih, yèn sontên kèndêl, enjing kawiwitan malih.

--- 20 ---

Sarêng pêrangipun dumugi ing Sruni, ing ngriku pêrang rêrêmpon, angantêp sagêda mungkasi karya salah satunggalipun. Wadyabala Kartasura katingal kasêsêr, kathah kalongipun, Tumênggung Yudanagara ing Banyumas ngical. Ananging lajêng katungka dhatêngipun wadyabala babantu saking Kartasura. Wadyabala Sruni karoban lawan. Radèn Tumênggung Kêrtinagara II kenging mriyêm pupunipun, kabuncang sumangsang ing wit lo, sariranipun botên pasah, nanging pêpês sukunipun.

Ki Kêrtisêntika angantêp pêrangipun, nanging ugi kaplajar, botên kuwawi nanggulangi pamukipun wadyabala ing Kartasura, margi karoban lawan. Wadyabala Sruni sarêng sumêrêp Radèn Tumênggung Kêrtinagara tuwin Ki Kêrtisêntika botên katingal, lajêng sami bibar lumajar asalang tunjang. Wadyabala Sruni sampun sirna larut, paprangan kèndêl.

Ing wanci ndalu Lurah Prajurit nama Ki Sutamênggala, madosi Ki Kêrtisêntika, sarêng sampun pinanggih, lajêng matur manawi ingkang raka Radèn Tumênggung Kêrtinagara nandhang brana, margi kenging mriyêm. Ingkang raka kabuncang sumangsang wontên ing wit lo botên sagêd mandhap, margi pêpês sampeyanipun. Panjênêngan sampeyan sapunika katimbalan ing raka, sarênga salampah kula sapunika ugi, dhawuhipun ingkang raka wantos-wantos sangêt.

Ki Kêrtisêntika sarêng mirêng aturipun utusan lajêng duka, awit Ki Kêrtisêntika botên pitados yèn ingkang raka nandhang brana, margi ingkang raka sangêt wêntala botên têdhas saliring dadamêl.

Ki Sutamênggala cangkelak wangsul, lajêng matur dhatêng Radèn Kêrtinagara, manawi ingkang rayi Ki Kêrtisêntika botên purun dipun timbali malah kula dipun dukani kakintên damêl-damêl, margi ingkang rayi botên pitados yèn paduka nandhang brana, sabab ingkang sampun-sampun, sarira paduka madal saking saliring dadamêl tuwin botên têdhas tapak paluning gurenda.

Radèn Tumênggung Kêrtinagara sarêng mirêng aturipun Ki Lurah Sutamênggala, sangêt dukanipun dhatêng ingkang rayi, nanging sinamudana, lajêng dhawuh mundhut gendhong dhatêng Ki Sutamênggala kakondurakên dumugi ndalêm.

Sarêng sampun enjing ing wanci umun-umun, para kadang warga punapadene para prajurit kathah ingkang sami sowan lumêbêt dhatêng dalêm Kabupatên angyêktosakên kabrananipun Radèn Tumênggung.

Kocapa Ki Kêrtisêntika, sarêng priksa titiyang kathah andalidir samargi-margi, sarta wontên ingkang raraosan bilih Radèn Tumênggung Kêrtinagara nandhang brana, Ki Kêrtisêntika

--- 21 ---

anggraita, bilih ingkang raka sagêd ugi lêrês yèn nandhang kanin, mila enggal-enggal sowan dhatêng Kabupatèn. Wusana yêktos yèn ingkang raka pancèn kabranan kadosdene aturipun Ki Lurah Sutamênggala.

Ki Kêrtisêntika lajêng anungkêmi sampeyanipun ingkang raka sarwi udrasa, sarêng sampun aring, lajêng ngrêrêpa nyuwun pangapuntên, dene dipun timbali botên purun sowan, margi namung saking botên pitados dhatêng aturipun Ki Sutamênggala. Punapadene ing wêktu punika kapambêng sawêg nata pabarisan sarta mêmulih manahipun wadyabala ingkang kêplajêng, sagêda sami purun mangsah pêrang malih.

Ki Kêrtisêntika ngantos wongsal-wangsul anggènipun nyuwun pangapuntên, nanging ingkang raka tansah kèndêl, botên karsa mangsuli pangandika sakêcap kemawon.

Sarêng sampun tita ingkang raka botên karsa ngandika punapa-punapa, Ki Kêrtisêntika wêwah kaajrihanipun, sarta rumaos wirang. Lajêng nyuwun pamit dhatêng ingkang raka kaliyan matur, sarèhning kalêpatanipun botên dipun paringi pangapuntên, Ki Kêrtisêntika sumêdya kesah saking Sruni botên kantênan puruging lampahipun. Ki Kêrtisêntika sampun mêdal saking dalêm Kabupatèn, têrus bablas kesah botên mawi mandhêg tumolèh.

Botên antawis lami saking kesahipun Ki Kêrtisêntika, Radèn Tumênggung Kêrtinagara II dumugi janji mantuk ing jaman kalanggêngan. Waris Kabupatèn cunthêl, ing Sruni namung katanêman Dêmang, ingkang kakarsakakên dados Dêmang Ki Lurah Sutamênggala, ingkang suwaunipun dados Lurah prajurit. Namanipun têtêp, dados nama Ki Dêmang Sutamênggala. Dene anakipun Radèn Tumênggung Kêrtinagara II namung satunggal, nama Ki Kartasêntika, botên purun kadadosakên Dêmang, mila pangkat Dêmang lajêng dhawah dhatêng Ki Sutamênggala.

Mangsuli Ki Kêrtisêntika, lampahipun saking Sruni ngalèr ngilèn, anurut pèpèrènging rêdi sarta anasak wana. Sarêng lampahipun dumugi satêngah-têngahing wana Sirnabaya, botên sagêd nglajêngakên lampahipun, margi sampun kadalon, lajêng kèndêl wontên ngriku kaliyan ngasokakên sarira, tuwin manah-manah kadospundi prayoginipun ingkang badhe linampahan. Wontên ing satêngahing wana Sirnabaya ngantos 9 dintên 9 ndalu botên nêdha punapa-punapa, kajawi kala-kala nêdha woh-wohan pamêdaling wana ngriku kangge jampi salit.

Ing satunggaling ndalu ngajêngakên gagat rahina sawêg kemawon Ki Kêrtisêntika sagêd ngêrêmakên mripatipun,

--- 22 ---

ramyang-ramyang Ki Kêrtisêntika rumaos kadhatêngan bapakipun, inggih punika Radèn Tumênggung Kêrtinagara I, pêrlu ndhawuhi supados Ki Kêrtisêntika tumuntên nglajêngakên lampahipun dhatêng Kabupatên Roma, manggihana Ki Tumênggung lan mituruta ing sapakènipun, ing têmbe badhe sae kadadosanipun.

Ki Kêrtisêntika anjênggirat, sarêng sampun pramana, lajêng nilar wana Sirnabaya, badhe nglajêngakên lampah dhatêng Roma, nglampahi pakèning tiyang-sêpuhipun.

Lampahipun Ki Kêrtisêntika saking wana Sirnabaya purugipun ngidul nglilèn.[12] Sadintên muput ing wanci sontên sampun dumugi ing Roma, ugi sampun papanggihan kaliyan Mas Tumênggung.

Sasampunipun bage-binage kawilujênganipun, Ki Kêrtisêntika ngaturakên kakawonanipun ing Sruni nanggulangi pangrabasèng wadyabala Kartasura. Ing salajêngipun Ki Kêrtisêntika oncat saking Sruni kesah sapurug-purug tanpa wontên ingkang sinêdya. Sarêng lampahipun dumugi satêngahing wana Sirnabaya, sawêg kemawon sagêd tilêm saliyêpan, rumaos kadhatêngan ingkang rama, asung piwêling supados anglajêngakên lampah dhatêng ing Kabupatèn Roma ngriki, ujaring wangsit ing têmbe badhe sae kadadosanipun, ing sapunika sampun kula lêksanani, wusana namung nyumanggakakên.

Mas Tumênggung Roma sakalangkung pangungunipun sarta kararantaning manah, ketang saking wêlasipun dhatêng Ki Kêrtisêntika pangajênging parèntah ing Sruni, dados tilas lulurahipun, lajêng rinapu ing basa, sampun sirna sugkawanipun,[13] mupus papasthèning Hyang Kang Murbèng Jagad.

Botên antawis lami Ki Kêrtisêntika kapêndhêt mantu dhatêng Tumênggung Roma, nama pindhah Ki Kêrtiwijaya. Minangka sasambèning padamêlan, Ki Kêrtiwijaya kadadosakên Mantri Gunung, nanging botên purun, margi ngèngêti wingi-wingi prasasat ingkang ngrêgêm sadaya paprèntahan ing Sruni sabawahipun, sarêng ingarih-arih dhatêng semahipun, lajêng purun nglampahi dados Mantri Gunung wau.

Ki Kêrtiwijaya anggènipun jojodhoan gadhah anak satunggal èstri, lajêng kaimah-imahakên angsal lurah ing dhusun Duduhan, nama Ki Kêrtiwêcana. Salajêngipun sarêng Ki Kêrtiwijaya tilar donya, ugi kasarèkakên wontên ing dhusun Duduhan (sakidul Karanganyar).

Mangsuli cariyos ing ngajêng, anak mantunipun Radèn Tumênggung Kêrtinagara I, lêstantun dados Dêmang wontên ing Kuthawinangun, anggêntosi tiyang-sêpuhipun Ki Sutawijaya. Dene anakipun mantu ingkang nama Ngabèi Kramalêksana ugi

--- 23 ---

lêstantun dados Mantri Pamajêgan wontên ing Klêgènkilang (Selang). Sarêng Ngabèi Kramalêksana tilar donya kasarèkakên wontên ing dhusun Kaliwarak (prênah sawetan Kabupatèn Kêbumèn watawis 2 pal têbihipun).

Ing ngriki prêlu mratelakakên têdhak turunipun Ngabèi Kramalêksana, margi Ki Kramalêksana wau sagêd mijèni darah Karaton, pratelanipun kados ing ngandhap punika:

Semahipun Ngabèi Kramalêksana punika kalih, jaka-sakitipun anakipun Radèn Tumênggung Kêrtinagara I ing Sruni, kados kasêbut nginggil. Semah ênèm anakipun Radèn Tumênggung Wiraguna Kartasura. Saking semah kakalih wau mêdali anak jalêr èstri 15 kathahipun, inggih punika:

  1. Ngabèi Wiryakrama, Mantri Gunung ing Tlagagapitan, anakipun èstri kapundhut bibit dados kalangênan nDalêm Ingkang Sinuwun kaping II ing Ngayogyakarta, paring nDalêm nama: Bandara Radèn Ayu Nilarêsmi, puputra putri, asma Gusti Radèn Ayu Pringgadirja.
  2. mBokmas Dipayuda.
  3. Ngabèi Kramadirja, Mantri Nangkil[14] Ngayogyakarta. Sarêng lèrèh lajêng mantuk dhatêng Selang (Kêbumèn), pindhah nama Ki Kramasêntika. Nanging kalimrahipun karan Ki Kramarêja (taksih karan nalika dados Ngabèi, nanging pakêcapan dirja, mingsêd rêja). Dene pangkat Mantri Nangkil, kagêntosan sadhèrèkipun jalêr, ugi lajêng nama Ngabèi Kramadirja, ing suwau nama Ki Sêcawijaya, (anak angka 6).
  4. Kapundhut bibit dados kalangênan nDalêm Ingkang Sinuwun I. ing Ngayogyakarta, paring nDalêm nama: Bandara Radèn Ayu nDayahasmara, puputra:
    1. Bandara Pangeran Harya Hadikusuma.
    2. Bandara Radèn Ayu Juru.
    3. Bandara Pangeran Harya Balitar.

Mênggah mulabukanipun dene anakipun èstri Ngabèi Kramalêksana kapundhut dados kalangênan nDalêm makatên:

Ing nalika Kangjêng Pangeran Harya Mangkubumi (Sinuwun I) andon yuda wontên ing tanah Panjêr (Kêbumèn), Kangjêng Pangeran Harya Mangkubumi priksa lare èstri

--- 24 ---

ingkang taksih pinjung (watawis sawêg umur 11 taun), lare wau tansah kikinthil ningali prajurit ingkang sami bandayuda, sajakipun katingal sênêng sarta botên anggadhahi kaajrihan. Kangjêng Pangeran Harya Mangkubumi sarêng wuninga lare èstri samadyaning pêpêrangan, sasolah tingkahipun lare wau tansah dipun waspadakakên kanthi pangunguning panggalih Dalêm. Lajêng utusan abdi, ndikakakên ndangu lare wau nama lan anakipun sintên. Lare kadangu, mangsuli bilih namanipun Mas Rara Kêtul, anakipun Ki Kramalêksana, lah punika bapak kula ingkang udhêng wulung nyêpêng waos mlajar mangilèn ngoyak mêngsah. Abdi utusan nDalêm wau lajêng enggal wangsul munjuk ing Gustinipun punapa saaturipun lare èstri wau. Têmah andadosakên rênaning panggalih Dalêm, langkung-langkung dene lare èstri wau anakipun Ki Kramalêksana, ingkang sampun kathah lalabêtanipun, sadangunipun prajurit Mangkubumèn ngêbroki tanah Panjêr lan sakiwa têngênipun. Cêkakipun lare wau kasêngkêr, samangsa sampun diwasa, dhawuh Dalêm ndikakakên ngunjukakên, Ngabèi Kramalêksana nyumanggakakên kanthi bingahing manah ingkang tanpa upami. Sarêng Kangjêng Pangeran Harya Mangkubumi sampun jumênêng Nata ing Nagari Ngayogyakarta, sêdhêng Mas Rara Kêtul wau sampun mangsa diwasa, lajêng kaunjukakên. Sasampunipun dados kalangênan nDalêm, saking kêparênging karsa Dalêm, Mas Rara Kêtul wau lajêng kaparingan nama Bandara Radèn Ayu nDayahasmara, Karsa Dalêm paring nama wau ngampung masa, margi soking rêna utawi kasmaraning panggalih Dalêm, jalaran kadayan mriksani ing ngatasing lare èstri taksih pipinjungan, wani tutwuri bapakipun wontên samadyaning rananggana. Kang mangka sanadyana tiyang jalêra pisan, têmtu ajrih lan sami nilar balewismanipun samangsa ing sacêlaking griyanipun kangge papan ajanging paprangan.

  1. mBokmas Kramayuda.
  2. Ki Sêcawijaya, sarêng dados Mantri Nangkil ing Ngayogyakarta, anggêntosi sadhèrèkipun jalêr (anak angka 3), lajêng nama Ngabèi Kramadirja.
  3. Ki Kramadiwirya.
  4. Ngabèi Rêsadirja, semah angsal buyut Mangkunêgaran Sambêrnyawan Surakarta.
  5. Ngabèi Kramataruna.
  6. Ki Kramatirta.
  7. Ki Rêsadiwirya.

--- 25 ---

  1. mBokmas Wiryayuda (Sêtrarêja).
  2. mBokmas Rêsapraja (Kramasêntika).
  3. Ki Hanggawijaya, sarêng dados Mantri, nama Ngabèi Kramayuda, semahipun saking Surakarta, anggadhahi anak jalêr nama Ngabèi Jayapranata, pawingkingipun dados Patih Mangkunêgaran. Anakipun èstri Ngabèi Jayapranata kapundhut bibit dados kalangênan nDalêm Kangjêng Gusti Pangeran Mangkunêgara kaping III, sinung nama: Mas Ajêng nDayarêsmi, puputra kalih:
    1. Radèn Mas Suryahandaka,
    2. Radèn Ajêng Kuning, krama angsal Kangjêng Pangeran Harya Gandahatmaja. Dene Kangjêng Pangeran Gandahatmaja wau putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara kaping IV ing Surakarta.
  1. mBokmas Jawidênta.

Para anak-anakipun Ngabèi Kramalêksana kasêbut ing nginggil, anak angka 1 dumugi 5, patutan saking mbok sêpuh, anakipun Radèn Tumênggung Kêrtinagara I, ing Sruni. Dene anak angka 6 dumugi 15 patutun[15]saking mbok nèm, anakipun Radèn Tumênggung Wiraguna ing Kartasura.

Kajawi punika ugi wontên ingkang cariyos, bilih Ngabèi Kramalêksana wau semahipun sadaya 3, semah ingkang ênèm piyambak wontên ingkang mastani saking Ngayogyakarta, pundi ingkang lêrês nyumanggakakên. Jalaran ing baboning babad punika, ingkang ugi ngêwrat sarasilah cêkakan, ingkang pinanggih wontên ing tanah Panjêr (Sruni), botên nyêbutakên bilih semahipun Ngabèi Kramalêksana wontên 3. Nanging namung 2 kados kasêbut ing nginggil.

Punapadene manawi miturut sarasilah babon kagunganipun Kangjêng Radèn Harya Adipati Danurêja kaping V ing Ngayogyakarta, ingkang lajêng asma Kangjêng Pangeran Juru, sarasilah wau botên nyêbutakên semahipun Ngabèi Kramalêksana. Ing ngriku namung nyêbutakên para anak-anakipun kemawon, nanging cacahipun namung 12, dados kirang 3, kaliyan yèn miturut sarasilah kasêbut ing babad punika. Dene kirangipun ingkang dèrèng kasêbutakên inggih punika:

  1. mBokmas Dipayuda, anak angka 2,
  2. mBok Rêsapraja (Kramasêntika) anak angka 13,
  3. mBok Jawidênta, anak angka 15. Pundi ingkang lêrês ugi nyumanggakakên.

Miturut kasêbut ing nginggil wau, turunipun Ngabèi Kramalêksana ingkang nêrahakên darah Karaton wontên kalih,

--- 26 ---

ingkang nêrahakên darah Mangkunêgaran satunggal. Inggih punika anak angka 4, kapundhut dados kalangênan nDalêm Ingkang Sinuwun kaping I ing Ngayugyakarta. Lajêng putu, anakipun Ngabèi Wiryakrama (anak Kramalêksanan angka 1) kapundhut dados kalangênan nDalêm Ingkang Sinuwun kaping II ing Ngayogyakarta. Sarta buyutipun, turunan saking anak angka 14, kapundhut kalangênan Kanjêng Gusti Pangeran Harya Mangkunagara kaping III ing Surakarta.

Kajawi punika sadhèrèkipun èstri Ngabèi Kramalêksana ugi kapundhut bibit dados kalangênan nDalêm Ingkang Sinuwun Kangjêng Sultan kaping I ing Ngayugyakarta, paring nDalêm nama: Bandara Radèn Ayu Turunsih, puputra:

  1. Bandara Pangeran Harya Mangkukusuma,
  2. Bandara Radèn Ayu Tumênggung Danunagara. Dene Radèn Tumênggung Danunagara wau, putranipun Kangjêng Radèn Hadipati Danurêja kaping I Papatih dalêm ing Ngayogyakarta, dene sajarahipun makatên:

Sêjarah Ngabèi Kramalêksana tuwin Bandara Radèn Ayu Turunsih

Prabu Brawijaya Maospait pungkasan nêrahakên:

Grad 1. Radèn Jaka Lancing (Harya Surèngbala utawi Madurêtna), martapa wontên ing rêdi Kênap tanah Panjêr (Kêbumèn).
Grad 2. Kyai Adèn, ing Sruni (Kêbumèn).
Grad 3. Kyai Sutamênggala, ing Sruni (Kêbumèn).
Grad 4. Kyai Sutapraja, ing Sruni (Kêbumèn).
Grad 5. Ngabèi Kramayuda, ing Sruni (Kêbumèn).

Ngabèi Kramayuda anggadhahi anak Ngabèi Kramalêksana tuwin Bandara Radèn Ayu Turunsih, kalangênan nDalêm Ingkang Sinuwun Kangjêng Sultan kaping I ing Ngayugyakarta.

Dene anakipun Ngabèi Kramalêksana ingkang angka 4, Bandara Radèn Ayu nDayahasmara ugi dados kalangênan nDalêm Ingkang Sinuwun Kangjêng Sultan kaping I ing Ngayugyakarta. Para putra dalêm ingkang miyos saking Bandara Radèn Ayu Turunsih; (sadhèrèkipun èstri Ngabèi Kramalêksana) tuwin saking Bandara Radèn Ayu nDayahasmara (anakipun èstri Ngabèi Kramalêksana) sampun sami kasêbut ing nginggil.

--- 27 ---

Dene anakipun Ngabèi Kramayuda, botên namung kakalih punika, nanging taksih wontên tunggilipun malih, ingkang ing ngriki botên kasêbutakên. Dene ingkang kasêbutakên ing ngriki namung anak ingkang nêrahakên darah Karaton.

Sêjarah Nyai Kramalêksana (mbok sêpuh)

Prabu Brawijaya Maospait pungkasan anêrahakên:

Grad 1. Radèn Jaka Pêkik (Harya Jaranpanolih ing Sumênêp)
Grad 2. Harya Leka, ing Sumênêp
Grad 3. Jambaleka, ing Sumênêp
Grad 4. Ki Mas Manca, inggih Harya Mancanagara, Patih Pajang.
Grab[16] 5. Ki Mas Tumênggung Pramonca, ing Sruni.
Grad 6. Radèn Tumênggung Kêrtinagara I, ing Sruni.
Grad 7. Nyai Kramalêksana
Grad 8. Bandara Radèn Ayu nDayahasmara, kalangênan nDalêm Ingkang Sinuwun kaping I ing Ngayogyakarta.

__________

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Catatan kaki:

1. kagunan (kembali)
kagunan
2. tinitipriksa (kembali)
tinitipriksa
3. kinarsakakên (kembali)
kinarsakakên
4. sinambewara (in + sambewara) (kembali)
sinambewara (in + sambewara)
5. Sadangunipun (kembali)
Sadangunipun
6. umun-umun (kembali)
umun-umun
7. pupuntoning (kembali)
pupuntoning
8. sasra (kembali)
sasra
9. kraman (kembali)
kraman
10. wiwahan (kembali)
wiwahan
11. Kramalêksana (kembali)
Kramalêksana
12. ngilèn (kembali)
ngilèn
13. sungkawanipun (kembali)
sungkawanipun
14. § Ing Karaton nDalêm Ngayogyakarta, ing samangke botên wontên abdi Dalêm Mantri Nangkil. Dados sampun botên kasumêrêpan punapa ingkang dados kuwajibanipun Mantri Nangkil punika. Manawi nitik paring nDalêm nama ngajêng mawi: Krama, punapa punika abdi Dalêm Mantri Kumêtir? Nyumanggakakên. (kembali)
§ Ing Karaton nDalêm Ngayogyakarta, ing samangke botên wontên abdi Dalêm Mantri Nangkil. Dados sampun botên kasumêrêpan punapa ingkang dados kuwajibanipun Mantri Nangkil punika. Manawi nitik paring nDalêm nama ngajêng mawi: Krama, punapa punika abdi Dalêm Mantri Kumêtir? Nyumanggakakên.
15. patutan (kembali)
patutan
16. Grad (kembali)
Grad