Punika Pêthikan Sêrat Jawi, Kats, 1953, #1304 (Hlm. 001–108)

Judul
Sambungan
1. Punika Pêthikan Sêrat Jawi, Kats, 1953, #1304 (Hlm. 001–108). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Punika Pêthikan Sêrat Jawi, Kats, 1953, #1304 (Hlm. 109–192). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Punika Pêthikan Sêrat Jawi, Kats, 1953, #1304 (Hlm. 193–320). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 20-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Punika Papêthikan Saking Sêrat Jawi Ingkang Tanpa Sêkar.

Kaklêmpakakên dening Tuwan J. KATS.

Jilidan ăngka 1

Kawêdalakên dening Nurhop Kolêp Jakarta. 1953, 1953

--- [II] ---

[...]

--- [III] ---

Punika Papêthikan Saking Sêrat Jawi Ingkang Tanpa Sêkar.

Kaklêmpakakên dening Tuwan J. KATS.

Jilidan ăngka 1

Kawêdalakên dening Nur Hop Kolêp Jakarta. 1953, 1953

--- [IV] ---

[...]

--- [V] ---

Pratelaning isinipun sêrat punika:

1. Sêrat Ajisaka. (Ed. Gaal en Roorda).

Ajisaka kalihan Sang Prabu Dewata Cêngkar ... 3

Ajisaka nganggit aksara Jawi ... 15

2. Sêrat Babad Tanah Jawi. (Ed. Meinsma, 2e druk) jilidan ingkang kaping 1.

Sajarahipun para ratu ing tanah Jawi ... 23

Sang Prabu Watugunung ... 23

Ki Jaka Tingkir ... 29

Ki Agêng Matawis ... 50

Panêmbahan ing Matawis akalihan Sang Dipati Pathi ... 55

3. Sêrat Babad Panambangan.

Lêlampahanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, wiwit pêthalipun [pêthali ...]

--- VI ---

[... pun] kalihan Sinuhun Kabanaran, ngantos dumugi konduripun dêdalêm ing nagari Surakarta ... 98

4. Pawicantênan Jawi. Ăngka 1 ... 111

5. Kêkesahan saking tanah Jawi dhatêng nagari Walandi ... 127

6. Sêrat Rangsang Tuban. Nyariyosakên lêlampahanipun pangeran kêkalih ing nagari Tuban ... kaanggit dening Ki Padmasusatra ing Surakarta.

Cariyosipun Radèn Udakawimba ... 143

7. Punika papêthikan saking Sêrat Bratayuda, akalihan saking Sêrat Rama, punapadene saking Sêrat Arjunasasra. Ingkang ngarang Kangjêng Tuwan Karêl Fredrik Wintêr, juru basa ing nagari Surakarta.

Lêlampahanipun Arjunasasrabau ... 165

--- VII ---

8. Gancaring Cariyos Rama. (Ningali No. 7 ing nginggil punika).

Dèwi Sinta kabêkta dhatêng Prabu Dasamuka ... 195

Prangipun Rama akalihan Prabu Dasamuka ... 211

9. Sêrat Babadipun Padhawa. Anggitanipun J. KATS lan Cakradibrata.

Pandhawa siningkirakên saking nagari ... 245

10. Gancaring Cariyos Bratayuda. (Ningali No. 7 ing nginggil punika).

Mula bukanipun Bratayuda ... 255

Kadadosanipun ing Bratayuda ... 291

11. Punika cariyosipun Panji Kudawanèngpati gandrung Angrèni. (Ed. Roorda-Gunning) ... 309

--- [VIII] ---

[...]

--- [1] ---

Sêrat Ajisaka

--- [2] ---

[...]

--- 3 ---

Nyai răndha wicantên dhatêng Ajisaka: nagara ing kene wis misuwur, yèn ana bramana sêkti mondraguna, bagus isih nom, limpad ing ngèlmu panitisan, pinangkane saka ing Sabrang angajawa, anggawa aksara warna-warna, apadene layang têmbung Kawi, gawene amamuruk. Wong pirang-pirang nagara padha anggaguru, amung kari wong nagara ing Mêndhang Kamolan bae, sing kawruhe isih bingung. Yèn ta bramana iku anaa ing kene, aku sumêja anggaguru. Ajisaka gumujêng amangsuli: Dora ingkang awartos punika, angindhakakên ing kayaktosanipun. Wondening ingkang kawartos punika inggih kula.

Nyai răndha kagèt, wicantênipun: Bêgja têmên aku katêkan kowe, sarèhne aku bodho, muga lêgaa kowe amuruk. Wangsulanipun Ajisaka: Yèn sampeyan sudi amundhut wulang, kula sandika kemawon. Nyai răndha lajêng dipun wulang ngèlmi panitisan, sarta têmbung Kawi, sampun [sampu ...]

--- 4 ---

[... n] sampurna ing kasagêdanipun, ingkang putra lajêng dipun wulang piyambak, anyakêp sakathahing wulang.

Ajisaka anglajêngakên anggènipun mamuruk. Tiyang nagari ing Mêndhang Kamolan sadaya sami anggaguru, sarta suyud dhatêng sang bramana Sabrang, anggêpipun kados sami angabdi. Ajisaka saking lamine anggènipun wontên ing Karandhan, misuwur kasagêdanipun, ngantos kamirêngan dhatêng patih ing Mêndhang Kamolan, ingkang nama Kyai Patih Tênggêr. Kyai patih lajêng lumampah dhatêng ing Karandhan, amanggihi Ajisaka. Sadalu anggènipun ngaos sastra: têmbung Kawi: ngèlmi panitisan, tuwin sawarnining kasêktèn. Botên antawis lami sakathahing kawruh sampun kacakup sadaya.

Pinuju kyai patih tuwi dhatêng ing Karandhan, Ajisaka apitakèn: Paman, kala rumiyin sadhatêng kula ing nagari ngriki, wontên ing lalurung agêng, aningali tiyang kathah sami pating balêbêr, botên sumêrêp ingkang dipun ung sèni, [sèn ...]

--- 5 ---

[... i,] punika punapa sababipun. Patih amangsuli: Punika sami abdi dalêm ing nagari ngriki, angupados tiyang ingkang lêma, badhe dhaharipun sang nata, sabên dintên angladosakên satunggil. Ajisaka kagèt, sarta eram sangêt, amirêngakên pratelanipun kyai patih, wicantênipun: Yèn makatên, paman, dados ratu ijêngandika punika adamêl risaking nagarinipun piyambak. Mila kula tingali kagunganipun siti dhusun kathah ingkang suwêng. Sarêng Ajingsaka[1] kèndêl wicantên, botên antawis dangu para sakabatipun sami malajêng-malajêng dhatêng, angungsi ing gurunipun, sarta sami anangis, anyuwun dipun kêkahana, awit dipun bujêng badhe kacêpêng dhatêng utusanipun sang nata. Sarêng Ajisaka sumêrêp makatên, lajêng matur dhatêng kyai patih: Paman, kula kemawon sampeyan saosakên, dados dhaharipun sang prabu. Nanging kula gadhah panyuwun, kaparingana siti Mêndhang Kamolan, wiyaripun namung saikêt kula, samasa sampun tampi, kula lajêng kadhahara.

--- 6 ---

Kyai patih kagèt amirêngakên aturipun Ajisaka, wangsulanipun: Anggèr: kula botên kadugi anguyang sakit anêmpur pêjah, aluwung sampeyan mamulanga kemawon prayogi, awit ing ngriki taksih kathah tiyang bodho. Ajisaka amangsuli: Kajêngipun, paman, kula pêjah, tekad kula badhe ambelani têtiyang ing Mêndhang Kamolan, ingkang sampun sami anggaguru dhatêng kula. Nyai răndha sangêt anangis, mirêngakên ginêmipun Ajisaka kalih Patih Tênggêr, sêsambatipun: Adhuh ênggèr, kapriye polahku, yèn kok tinggala, aku ora bisa kari, amasthi nglabuhi kowe. Ajisaka gumujêng amangsuli: Sampun sampeyan kuwatos, bibi. Patih Tênggêr sumambung: Anggèr: kasinggihan aturipun bok ayu, anggènipun murih sandening karsa sampeyan ingkang botên sayogi. Ajisaka amangsuli: Yèn makatên, paman, tanpa damêl anggèn sampeyan anggaguru, yèn botên tega ing pêjah, aluwung sampun anggagurua, bilih botên kula labuhi pêjah, botên [bo ...]

--- 7 ---

[... tên] mantêp andêlipun tatiyang Mêndhang Kamolan, ingkang sampun anggaguru dhatêng kula, pêjah sapisan, gêsang salaminipun. Paman, mugi dipun pitajêng dhatêng kula, botên ngantos kalampahan kula pêjah. Katuruta pikajêngan kula, kasaosna dhatêng sang prabu: dadosa dhaharipun, yèn sampun angsal ingkang kula suwun, sang prabu amêsthi badhe botên cuwa, awit kula sagêd damêl tiyang. Sanajan karsaa dhahar tiyang sadasa sadintên, kados botên kirang. Patih Tênggêr amangsuli: Măngsa boronga karsa sampeyan.

Botên antawis dangu utusanipun Prabu Dewata Cêngkar dhatêng Karandhan, amanggihi kyai patih, andhawahakên timbalan: kyai patih: ijêngandika ingandikan, sarta angladosna dhahar dalêm tiyang, awit ijêngandika sampun lami botên anyaosi, gusti botên sagêd dhahar eca. Patih amangsuli: Inggih sandika, kalêrêsan kula sawêg angsal tiyang satunggil, lah punika warninipun, taksih ênèm abagus, mêsthi momol danginipun.

--- 8 ---

Utusan anjêngêr ningali bagusipun Ajisaka, salaminipun gêsang dèrèng ningali ingkang ngungkuli punika, kajawi namung putranipun sang nata.1

Ajisaka sasampuning dandos, lajêng kairid ing kyai patih, badhe kasaosakên dhatêng sang nata. Sakathahing murid, punapa malih nyai răndha, tuwin tiyang ing nagari Mêndhang Kamolan, mèh sapalih, sami tumut ing lampahipun Ajisaka, sumêdya sami badhe anglabuhi.

Sadhatêngipun ing kadhaton, kyai patih kapêthukakên ing abdi priyantun èstri kêkalih, anama Nyai Soka, kalihan Nyai Sana, angirid kyai patih dhatêng ngarsanipun Prabu Dewata Cêngkar. Ajisaka kalihan ingkang sami tumut wau kandhêg wontên ing jawi. Sang nata andangu dhatêng patih: Kapriye patih, apa sira anggawa saosan dhahar ingsun. Wis lawas ingsun ora dhahar enak. Yèn ora dhahar daging wong, sariraningsun lêsu, ora karuwan rasane. Nuju bisa enak olèhingsun [olèhing ...]

--- 9 ---

[... sun] dhahar, ana bocah parêkan lêmu siji ingsun gawe pindhang, saiki anggagat manèh, wis sapasar iki ora kapenak rasane sariraningsun, malah nganti ising-isingên gêtih. Yèn ora bisa olèh wong, sira ingsun gawe tambal butuh, amêsthi ingsun pangan, utawa ingsun anyêmbêlèh mantri siji sing rada ala rupane: agampang disalini. Patih Tênggêr nyêmbah munjuk, gusti, abdi dalêm sampun angsal tiyang satunggil, pinangkanipun saking Sabrang, punika kapiadrêng konjuk, dadosa dhahar dalêm. Nanging agadhah panyuwun, kaparingana kagungan dalêm siti ing Mêndhang Kamolan, namung sawiyaring ikêtipun. Siti kasuwun rumiyin. Bilih sampun katampèn, badanipun kasumanggakakên kadhahara.

Sang prabu sakalangkung suka ing galih, andangu dhatêng kyai patih: Apa tuwa, apa ênom, wong kang sira saosake dadi dhaharingsun. Patih munjuk: Taksih ênèm. Wêtah alus badanipun, sawêg ecanipun kadhahar, ing sapunika wontên ing jawi. Sang nata dhawuh angirid [a ...]

--- 10 ---

[... ngirid] lumêbêt. Ajisaka lajêng kèrid ing ngarsanipun sang prabu, nyai răndha sêngkêran botên kantun, kalih tansah anangis kemawon. Dewata Cêngkar anjêngêr ningali bagusipun Ajisaka, pangandikanipun: Apa sira kang kapiadrêng dadi dhaharingsun, anjaluk bumi saambane ikêtira. Ajisaka munjuk: Inggih kawula, bilih andadosakên parênging karsa dalêm. Dewata Cêngkar ngandika malih: Aja ingsun eman, sira wong isih ênom, bagus rupanira. Balik sira ngawulaa, ingsun gawe bupati. Ajisaka munjuk: Sakalangkung-langkung panuwun kawula ing pasihan dalêm. Abdi dalêm kêdah anyuwun siti ing Mêndhang Kamolan. Dewata Cêngkar ngandika malih: Yèn sira ora kêna sun eman, iya: sun turuti kêkarêpanira.

Sang prabu lajêng dhawah dhatêng patih: Yèn karsa miyos, andikakakên mêpak prajurit. Sarêng sampun pêpak wontên ing alun-alun, Dewata Cêngkar miyos anitih gajah, angandika dhatêng para abdi: Hèh bocah-bocah ingsun, [ing ...]

--- 11 ---

[... sun,] padha sira kawruhana kabèh, wong iki aran Ajisaka, kapiadrêng dadi dhahar ingsun. Nanging duwe panyuwun bumi ing Mêndhang Kamolan, ambane mung saikête, yèn wis katampèn, suka lila ingsun patèni, kang iku yèn wis duwe pamilih bumi, sarta wis cukup ambane, nuli padha sira cêkêla. Sang nata andangu dhatêng Ajisaka: Êndi ikêtira. Ajisaka lajêng angunjukakên ikêt. Sarêng dipun bèbèr, sang nata eram aningali wiyaripun, botên nyana pisan-pisan bilih wiyar makatên. Dados tontonanipun tiyang kathah, sami gumun aningali. Ikêt dipun bèbèr: botên têlas-têlas, ngantos lampahan sadintên taksih, malah anasabi nagari ing Mêndhang Kamolan. Sang nata sabalanipun tansah tut wingking pambèbèring ikêt, wiyaripun ngantos ngacaki talatah ing tanah Jawi. Ajisaka munjuk dhatêng Prabu Dewata Cêngkar: Gusti, sarèhning ikêt kawula anasabi talatah dalêm, nagari ing Mêndhang Kamolan dados melik kawula, ing mangke kawula suwun mulungipun saking asta dalêm. Dewata Cêngkar

--- 12 ---

anyumadosi, nanging Ajisaka angungsêd, kêdah anampèni sakal. Sang nata dipun bujêng ing sapurugipun. Têtiyang ing Mêndhang Kamolan sampun sami ambalik, suyud dhatêng Ajisaka, sami tumut ambujêng ratunipun. Palajêngipun sang nata kapêngkok ing Sagantên Kidul, lajêng anggêbyur sagajahipun, sirna. Dewata Cêngkar salah kadadosan awarni baya pêthak, agêngipun sarêdi anakan. Yèn angambang: gigiripun kados pulo.

Dewata Cêngkar ingkang malih baya pêthak, angratoni saisining sagantên, tatanipun kados tiyang, adamêl pêpatih, anama Adipati Gajahmina, nayakanipun anama Kyai Aryalodan, Rănggasaradula, Dêmang Wikridita, pandêlêgan anama Băngsa, santananipuna[2] anama Kaluyu, Radèn Arya Poleng, Radèn Arya Buntal, Ngabèi Walungrêkta, Dêmang Kabuntung, Radèn Arya Kèpèt Pêthak. Wondening ingkang ngratoni Sagantên Kidul, kala samantên kêkalih, satunggil èstri, anama Raja Angin-angin, kalih Dewata Cêngkar wau.

--- 13 ---

Dewata Cêngkar tansah adamêl rêrêsah salêbêting sagantên, utawi ing dharatan, damêlipun angadhang margi ambegal sarta amêjahi tiyang, rêmên saba dhatêng lèpèn. Akathah tiyang ingkang dipun sarab, andadosakên susah galihipun Raja Angin-angin, ngantos kawiyos pangandikanipun: sapa sing bisa anyirnakake baya putih, ingsun ngèngèri. Dewata Cêngkar sangsaya mindhak agêng, alangipun lampahan saonjotan, angaping cangkêm kados lawanging guwa, swaranipun angajrihi, sabên dintên ngêrik-ngêrik anêdha ruwat.

Kacariyos Ajisaka, sasirnanipun Dewata Cêngkar, wangsul dhatêng nagari ing Mêndhang Kamolan sabalanipun, lajêng anggêntosi jumênêng ratu, ajajuluk Prabu Jaka. Tatiyang ing Mêndhang Kamolan agêng alit sami suyud sadaya, ical marasing manah, awit sampun botên wontên ingkang măngsa tiyang. Nagari ing Mêndhang Kamolan karta, sarta amanggih karaharjan, mirah sandhang, mirah têdha, tulus samukawis ingkang dipun tanêm. Ajisaka ambêkipun adil asih [a ...]

--- 14 ---

[... sih] paramarta. Tiyang alit sakeca jênjêm manahipun, botên wontên lampah dursila, ingkang angrêsahi anggènipun sami angupajiwa, mêngsah botên wontên purun. Akathah bramana[3] saking Sabrang angajawi. Wondening para priyantun ing Mêndhang Kamolan, ingkang nama bupati, mantri, sapangandhap, taksih kalulusakên ing kalênggahanipun, pêpatihipun inggih taksih Kyai Tênggêr.

Prabu Jaka anuntên miyos sinowan ing para abdi, bupati, mantri, punggawa, sarta pandhita. Nyai Răndha Sêngkêran inggih sowan. Patih Tênggêr ingkang wontên ing ngarsa. Sang prabu angandika dhatêng patih: Bapa, undhangna marang rupane kawulaningsun, yèn muridingsun Si Daduga lan Si Manawi ingsun karsakake dadi têtindhihe kawulaningsun bupati wolungatus, Si Manawi kang têngên, Si Daduga kang kiwa. Si Manawi ingsun paringi jênêng Adipati Dutanagara, Si Daduga: Adipati Sura Adi. Nanging karo pisan isih ana sajroning kadhaton, aja pisah lan panjênênganingsun. Unjukipun [Unjukipu ...]

--- 15 ---

[... n] patih akalihan para abdi sadaya: sami nuwun sandika. Sang nata ngandika malih: Lan maninge bapa, sarèhning panjênênganingsun isih lămba, ingsun jajuluk Narpa Anom Prabu Jaka, para abdi sami saur pêksi nuwun sandika sadaya. Sang nata lajêng kondur angadhaton.

__________

Prabu Jaka miyos sinowan ing para sakabatipun wontên ing kadhaton, kaèngêtan sakabat kêkalih, ingkang dipun tilar wontên ing Pulo Majêthi, pun Dora kalihan pun Sêmbada, pangandikanipun: Si Dora lan Si Sêmbada amêsthi ora wani nusul, awit wêdi anêrak wawêkasingsun. Hèh: Duga lan Prayoga, sira padha mênyanga ing Pulo Majêthi, Si Dora lan Si Sêmbada timbalana, rêrêksaning kagunganingsun kêris konên anggawa. Sakabat kêkalih munjuk sandika, nyêmbah, lajêng mangkat.

Sakabat kêkalih pun Dora kalihan pun Sêmbada, ingkang sampun lami katilar wontên ing pulo Majêthi, sampun mirêng pawartos, yèn [y ...]

--- 16 ---

[... èn] gustinipun dados ratu wontên nagari ing Mêndhang Kamolan. Badhe nusul ajrih, awit wêlingipun Ajisaka, sapa-sapa sing nimbali kowe, utawa mundhut rêrêksanamu, aja gêlêm lan aja kok ulungake, yèn dudu aku dhewe kang anjaluk. Wusana pun Dora anêrak wawêlinging gusti, anusul botên mawi rêmbagan utawi sanjang dhatêng kancanipun. Wontên ing margi kapêthuk utusan kêkalih, pun Wuga[4] kalihan pun Prayoga. Tiyang tatiga lajêng sami wangsul dhumatêng ing Mêndhang Kamolan, sowan ing ngarsanipun Prabu Jaka. Sang nata andangu: Hèh Dora, sira têka dhewe. Kancanira Si Sêmbada ana ngêndi, dene ora ambarêngi lakunira. Iku apa sababe. Dora munjuk: Mila kawula sowan piyambak, awit abdi dalêm pun Sêmbada kawula ajak botên purun, Prabu Jaka sangêt duka mirsa aturipun Dora, kêsupèn bilih ing ngajêng sampun andhawahakên wawêling, kados ingkang sampun kêsêbut ing ngajêng wau, lajêng ngandika: Hèh Dora, balia mênyang ing Pulo Majêthi, timbalana Si Sambada.

--- 17 ---

Yèn mêksa ora gêlêm, rêrêksane kêris, apadene sakèhing sotya pundhutên. Yèn băngga: uwisna, cangkingên êndhase, katura ing ingsun. Sira ingsun wangêni mung sapasar, Dora munjuk sandika, lajêng mangkat.

Lampahipun Dora dumugi ing Pulo Majêthi, kapanggih kalihan pun Sêmbada. Sêmbada apitakèn: Saka ngêndi kowe Dora. Dora sumaur: Aku nusul gusti. Gusti saiki wis jumênêng ratu ana nagara ing Mêndhang Kamolan. Aku diutus animbali kowe, kèrida sarêrêksanmu kabèh. Sêmbada amangsuli: Kapriye, kowe biyèn iya ngrungu dhewe pangandikane gusti, sapa-sapa mundhut rêrêksanmu: aja kok ulungake, yèn dudu aku dhewe, mêngkono timbalane gusti. Aku karo kowe padha ngrungu, măngka kok jaluk dhewe, dadi kowe iku nrajang bênêr. Ewadene sarèhne padha kêkancan, ayo padha seba wong loro. Dora sumaur: Apa kowe ora

--- 18 ---

ngandêl marang aku, awèh ora awèha, rêrêksanmu dak jaluk, Sêmbada sumambung: Kowe iku aninggal tata, ambuwang bênêr. Yèn kok jaluk dhewe, amasthi aku ora awèh, awit kowe ora ngrungokake ujar kang bênêr, anurut pikirmu dhewe. Dora amangsuli sêru: Kapriye ujarmu iku. Apa kowe balela ing gusti. Angur ulungna, aja nganti nêmu kang ora bêcik. Sêmbada sumaur: Basamu ora enak dirungokake. Kudu lumaku ginugu. Aku ora wêdi marang kowe, wêdi marang gustiku. Bokmanawa kowe ngamandaka, wis ngawula gusti liyane. Lajêngipun ing pabên sami tantang-tinantang, wusana sami kakêrêngan, sudukan, pêjah kalih pisan.

Prabu Jaka angajêng-ngajêng utusanipun. Sarêng sampun langkung saking antawis botên dhatêng, angandika dhatêng pun Duga kalihan Prayoga: Hèh sira padha nusula Dora mênyang ing Pulo Majêthi. Wis kaliwat saka ing antara ora ana têka. Panduganingsun anêmu pakewuh utawa [uta ...]

--- 19 ---

[... wa] padu. Duga, Prayoga munjuk sandika, lajêng mangkat.

Sadhatêngipun utusan kêkalih ing Pulo Majêthi, angupadosi pun Dora kalihan pun Sêmbada, pinanggih pêjah kalih pisan, labêtipun sami kakêrêngan. Lajêng sami mantuk sowan gustinipun, unjukipun: kawula kautus aniliki abdi dalêm pun Dora kalihan pun Sêmbada, inggih sampun. Nanging sami pinanggih pêjah kalih pisan. Labêtipun sami kakêrêngan sudukan. Prabu Jaka anjêngêr midhangêtakên pratelaning utusan, dangu botên sagêd ngandika. Wusana pangandikanipun: Ingsun dhewe sing kaluputan. Ing ngarêp wis ingsun pêpacaki sakarone, iku ingsun ora kelingan pisan-pisan. Wêkasan ingsun anggugu ature Si Dora, ambabolehake kancane. Ingsun kalimput ing nêpsu, anêrak pêpacak ingsun dhewe.

Anuntên Prabu Jaka nganggit aksara Jawi kalih dasa. Wondening kang kadamêl uwit, lêlampahanipun Dora kalihan Sêmbada,

--- 20 ---

kalanipun Dora nusul dhatêng ing Mêndhang Kamolan, kautus wangsul dhatêng ing Pulo Majêthi, animbali kancanipun, ingkang nama pun Sêmbada. Anuntên kêrêngan, sami purunipun, lajêng pêjah sampyuh. Mênggah pratelanipun aksara kalihdasa punika: hanacaraka, têgêsipun, wontên utusan, datasawala, têgêsipun anuntên sami kêrêngan. Padhajayanya, têgêsipun, sami purunipun, magabathanga, têgêsipun, wêkasan dados bathang. Aksara kalihdassa punika mawi kadamêlakên sandhangan, sami sanès-sanès ungêlipun.

--- [21] ---

Sêrat Babad Tanah Jawi

--- [22] ---

[...]

--- 23 ---

Punika sajarahipun para ratu ing tanah Jawi, wiwit saking Nabi Adam, apaputra Sis, Êsis apaputra Nurcahya, Nurcahya apaputra Nurasa, Nurasa apaputra Hyang Wêning, Hyang Wêning apaputra Sang Hyang Tunggal. Sang Hyang Tunggal apaputra Bathara Guru, Bathara Guru apaputra gangsal, anama Bathara Sambo, Bathara Brama, Bathara Mahadewa, Bathara Wisnu, Dèwi Sri. Bathara Wnu[5] wau jumênêng ratu wontên ing pulo Jawi, ajajuluk Prabu Sèt. Kadhatonipun Bathara Guru anama ing Suralaya.

__________

Kacariyos nagari ing Gilingwêsi, wontên ingkang jumêmêng ratu ajajuluk Watugunung, garwanipun kalih, satunggil nama Dèwi Sinta, kalih Dèwi Landêp. Putranipun pitulikur, sami kakung sadaya, anama Wukir, Kurantil, Tolu, Gudbrêg, Warigalit, Warigagung, Julungwangi, Sungsang, Galungan, Kuningan, Langkir, Măndhasia, Julungpujut, Pahang, Kuruwêlut, Marakèh, [Mara ...]

--- 24 ---

[... kèh,] Tambir, Mêdhangkungan, Maktal, Wuye, Manail, Prangbakat, Bala, Wugu, Wayang, Kulawu, Dhukut, sami patutan saking Dèwi Sinta.

Kala samantên nagari ing Gilingwêsi kadhatêngan gagêring agêng, kathah tatiyang alit ingkang sami risak, sarta awis têdha, asring wontên grahana srêngenge utawi grahana rêmbulan, jawah salah măngsa, lindhu kaping pitu sadintên. Punika sadaya anjalajati yèn nagari ing Gilingwêsi badhe risak. Prabu Watugunung sakalangkung susah ing galih aningali risakipun ingkang abdi, sang nata sarean wontên ing kanthil gadhing. Garwanipun ingkang nama Dèwi Sinta angulik, aningali yèn sang nata ciri mastakanipun buthak. Matur pitakèn ingkang dados sababipun. Sang prabu anyêrêpakên, yèn kalanipun taksih lare ingkang ibu sawêg angi, sang nata mothah, lajêng dipun gitik ing enthong ngantos mêdal rahipun, lajêng kesah sapurug-purug.

Dèwi Sinta kagèt sangêt, botên sagêd ngandika amiyarsakakên pangandikanipun sang prabu, kèngêtan putranipun, ingkang kesah

--- 25 ---

lajêng botên mantuk, amargi dipun gitik ing enthong, tètès kalih cariyosipun sang nata, sangêt susah ing galihipun, awit kagarwa dhatêng ingkang putra piyambak, ambudi marginipun sagêd uwal saking sang nata. Sarèhning dangu kèndêl kemawon, kadangu ingkang dados sababipun. Dèwi Sinta matur yèn sadangunipun kèndêl, anggalih jangkêping kaluhuranipun sang nata, namung kirang saprakawis. Kirangipun punika, dene sang nata dèrèng krama widadari ing Suralaya. Ciptanipun Dèwi Sinta, bilih sang nata anglamar widadari ing Suralaya, amêsthi dados pêrang, sang nata anêmahi seda, punika marginipun badhe uwal saking ingkang raka. Prabu Watugunung sarêng dipun aturi makatên, lajêng sumêdya nginggahi ing Suralaya anglamar widadari, enggal andhawahakên parentah dhatêng para punggawa sarta dhatêng putranipun pitulikur wau angêrig prajuritipun, sang nata bidhal dhatêng Suralaya.

Sarêng Bathara Guru mirêng yèn ratu ing Gilingwêsi badhe nginggahi ing suralaya, lajêng animbali para [pa ...]

--- 26 ---

[... ra] dewa, sami dipun tantun purun akalihan botênipun amêthukakên Prabu Watugunung. Sadaya aturipun ajrih. Anuntên Sang Hyang Narada asuka rêmbag dhatêng Bathara Guru, animbalana ingkang putra Bathara Wisnu, awit liyanipun Bathara Wisnu kadugi botên wontên ingkang kuwawi mêngsah Prabu Watugunung. Bathara Guru parêng.

__________

Bathara Wisnu akalihan ingkang putra sami mêdal saking kadewatan, badhe amêthukakên Ratu Gilingwêsi. Sarêng kapanggih ajêng-ajêngan kalih Prabu Watugunung, sang nata anantun dhatêng Bathara Wisnu, botên susah pêrangan, manawi sagêd ambadhe cangkrimanipun, sang nata ngawon, suka lila dipun pêjahana. Nanging bilih botên sagêd ambadhe, para dewa ing suralaya sami nungkula, amasrahna sakèhing widadari badhe kadamêl garwa. Bathara Wisnu amarêngi ingkang dados panantun punika. Sang nata lajêng mangandikakakên cangkrimanipun: ana wit adhikih adhakah wohe, ana wit adhakah [a ...]

--- 27 ---

[... dhakah] adhikih wohe. Cangkriman punika kajawab dening Bathara Wisnu: Wit adhikih adhakah wohe punika samăngka. Wit adhakah woh adhikih wringin. Sang nata botên sagêd ngandika, rumaos kajawab cangkrimanipun, lajêng dipun cakra dhatêng Bathara Wisnu, pêgat jangganipun, sakathahing balanipun sami ngisis, bibar mantuk sadaya.

Sasedanipun Prabu Watugunung Dèwi Sinta sangêt amuwun, andhatêngakên gara-gara ngantos dumugi ing Suralaya, andadosakên susahipun para dewa. Bathara Guru andangu dhatêng Sang Hyang Narada ingkang dados sababing gara-gara. Sang Hyang Narada anyêrêpakên, yèn wontênipuna[6]

ing gara-gara awit saking pamuwunipun Dèwi Sinta, prihatos amargi pêjahipun Prabu Watugunung. Bathara Guru lajêng dhawah dhatêng Sang Hyang Narada anuruni Dèwi Sinta, amuriha kèndêlipun muwun, sarta anyagahana yèn ing dalêm tigang dintên Sang Prabu Watugunung badhe dipun gêsangakên malih, katurunakên sarta jumênêng ratu wontên ingkang nagari Gilingwêsi [Giling ...]

--- 28 ---

[... wêsi] malih. Sang Hyang Narada lajêng andhawahakên pangandikanipun Bathara Guru dhatêng Dèwi Sinta. Dèwi Sinta lajêng kèndêl muwun, gara-gara agêng wau inggih tumuntên ical. Sarêng dumugi ing tigang dintên Prabu Watugunung botên katingal rawuh, Dèwi Sinta lajêng muwun malih, andhadhatêngakên[7] gara-gara, sangêtipun angungkuli ingkang sampun kalampahan. Bathara Guru andangu malih dhatêng Sang Hyang Narada ingkang dados sababing gara-gara. Sang Hyang Narada matur yèn ingkang adamêl gara-gara punika inggih Dèwi Sinta ugi, awit sampun dumugi ing wêwatêsan tigang dintên, Prabu Watugunung dèrèng wangsul dhatêng ing nagari ing Gilingwêsi. Bathara Guru lajêng andhawahakên parentah dhatêng Sang Hyang Narada anggêsangakên Prabu Watugunung, sarta angantukakên dhatêng nagari ing Gilingwêsi.

Sarêng Prabu Watugunung sampun dipun gêsangakên Sang Hyang Narada, kadhawahan wangsul dhatêng nagari ing Gilingwêsi, botên purun, awit sampun karaos wontên ing swarga, panyuwunipun, ingkang garwa sakalihan kalih ingkang putra sadaya

--- 29 ---

mugi kainggahna dhatêng swarga, nunggila kalih sang nata. Bathara Guru amarêngi panyuwun punika, lajêng andhawahakên parentah anginggahakên dhatêng swarga garwa akalihan para putranipun, pamêndhêtipun saking satunggil-satunggil sabên Ngahat. Punika wiwitanipun wontên wuku tigangdasa.

Saking aturipun Sang Hyang Narada dhatêng Bathara Guru, Bathara Wisnu katurunakên dhatêng marcapada: dados ratunipun ing lêlêmbat, angêrèhakên wolung panggenan, ing rêdi Marapi: ing Pamantingan, ing Kabarean, ing Lodhaya, ing Kuwu, ing Wringinpitu, ing Kayu Landheyan, ing Roban.

Bathara Brama katurunakên dhatêng marcapada jumênêng ratu wontên ing nagari Gilingwêsi, anggêntosi Prabu Wagunung.[8]

__________

Sarêng sampun agêng Mas Karèbèt nuntên kabêkta dhatêng nyai răndha ing Tingkir, wontên ing ngriku dipun ugung sakarsanipun. Dhasar nyai răndha [ră ...]

--- 30 ---

[... ndha] ing Tingkir sugih mas picis, keringan ing tăngga desa. Mas Karèbèt wau dados katêlah nama Ki Jaka Tingkir, solah pikajênganipun sanès lan lare kathah, rêmên ananêpi dhatêng ing rêdi utawi ing wana-wana tuwin guwa ngantos sadasa dalu tuwin satêngah wulan. Ingkang ibu asring kaicalan sarta prihatos sangêt, dene ingkang putra botên kenging dipun cêgah gènipun saba wana tuwin rêdi.

Pinuju satunggiling dintên Ki Jaka Tingkir mantuk, lajêng rinangkul dhatêng ingkang ibu sarwi ngandika: Thole, kowe aja dhêmên saba ing gunung, wruhanamu wong kang padha tapa ing gunung iku isih kapir, durung anut agamane Kangjêng Nabi, luwih bêcik kowe anggagurua marang wong mukmin. Ki Jaka lajêng nyuwun pamit, badhe anggaguru dhatêng tiyang mukmin. Ingkang ibu inggih anglilani, Ki Jaka nuntên mangkat ijèn, ngalèr ngetan anjog ing Sela, badhe anggaguru dhatêng Ki Agêng Sela. Ki Agêng ing Sasela rêsêp aningali Ki Jaka Tingkir, lajêng kapêndhêt putu, ingugung sakarsanipun, wontên ing

--- 31 ---

ngriku Ni[9] Jaka rêmên angringgit, sarta sampun misuwur sagêdipun angringgit, Ki Agêng ing Sasela sangsaya wêwah sihipun. Ki Jaka botên kenging pisah, utawi yèn ki agêng ananêpi, Ki Jaka inggih kabêkta.

Yêktosipun Ki Agêng Sela punika sagêd anyamur lampah, ing batos sangêt panêdhanipun ing Allah, supados sagêda anurunakên para ratu ingkang amêngku ing tanah Jawi, awit ki agêng rumaos, yèn trahing Brawijaya ing Majapait. Kala samantên Ki Agêng Sasela sampun pitung dintên pitung dalu gènipun wontên ing gubug, pagagan wana kang enggal binubak, prênah salèr wetaning Tarub, kawastanan wana ing Rèncèh. Ing wanci dalu ki agêng sare wontên ing ngriku, Ki Jaka Tingkir tilêm wontên ing dagan, Ki Agêng Sela supêna dhatêng wana anyangking kudhi badhe babad. Katingal salêbêting supêna Ki Jaka Tingkir sampun kapanggih wontên ing wana, sarta sakathahing kêkajêngan sampun sami rêbah, kaseredan dhatêng Ki Jaka Tingkir. Salêbêting supêna ki agêng eram sangêt, [sa ...]

--- 32 ---

[... ngêt,] nuntên kagèt wungu saking gènipun sare. Ki Jaka Tingkir taksih tilêm wontên dagan, lajêng ginugah, ki agêng pitakèn: Thole, sasuwene aku turu kowe apa ora lunga. Wangsulanipun Ki Jaka: Botên. Ki agêng mirêng aturipun ingkang wayah sangêt gènipun gagêtun, rumaos yèn supêna, ngandika salêbêting galih: gêtun têmên impènku, dene bangêt têmên gonku duwe panêdha ing Allah, ing salawase durung pinaringan ngalamat mêngkono, bocah iki kang ora duwe panêdha ing Allah parandene têka pinaringan ngalamat kang kaya mêngkono. Ki agêng lajêng pitakèn dhatêng Ki Jaka: Thole, saelingmu kowe biyèn wis ngimpi apa. Ki Jaka Tingkir matur balaka: Kala kula tirakat dhatêng rêdi Telamaya rumiyin, wontên ing ngriku kula ing dalu tilêm sarta supêna katiban rêmbulan. Sanalika punika ugi rêdi ing Telamaya mungêl gumludhug, kula lajêng tangi. Punika kadospundi ing wahananipun. Ki agêng mirêng aturipun ingkang wayah, sangsaya ngungun, ciptanipun, yèn ta

--- 33 ---

sampuna ajrih ing Allah, Ki Jaka kados dipun purih ing cilakanipun. Nanging ki agêng sumêrêp, yèn pêpasthèning Allah punika botên kenging dipun tarekah ing têtiyang. Ki agêng nuntên ngandika: Thole, kowe aja takon wahanane impènmu, wis ngaluwihi bêcike, yaiku ratu-ratuning impèn. Dene pituturku marang kowe, ing saiki kowe ngawulaa marang ing Dêmak, ing kono manawa katêmu wahanane impènmu, aku anjurungi pandonga bae. Ki Jaka matur: Kawula sandika anglampahi saking dhawuh sampeyan, sarta kula pundhi-pundhi ing salaminipun. Ki agêng ngandika malih: Iya thole, gonku kurang mangan turu iki muga tinêmua marang kowe, nanging thole, ing buri turunku kênaa anyambungi ing wahyumu. Ki Jaka aturipun sumăngga. Ki Agêng Sela mirêng aturipun Ki Jaka sakalangkung lêga ing galihipun sarta akathah-kathah piwulangipun dhatêng Ki Jaka. Ki Jaka Tingkir inggih lajêng mangkat, lampahipun mampir dhatêng ing Tingkir, matur dhatêng ingkang ibu punapa ing sadhawahipun Ki Agêng Sela.

--- 34 ---

Ingkang ibu angandika: Thole, pituduhe Ki Agêng Sela iku bangêt bênêre, dadi ana kang dak arêp-arêp. Nuli lakonana, nanging ngantènana baturmu loro iku dhisik, lagi tak kon matun gaga, iku bakal tak kon ngatêrake marang kowe, aku duwe sadulur lanang siji, ngawula Sultan Dêmak, jênênge Kyai Ganjur, dadi lalurah Suranata, iku kang bakal dak titipi marang kowe, sarta angaturna ing sang nata. Ki Jaka inggih amiturut ing dhawuhipun kang ibu, nuntên tumut matun gaga angrencangi tiyang kêkalih wau, ngantos sadintên botên mantuk-mantuk. Sarêng ing wanci asar wontên mêndhung sarta grimis. Sunan Kalijaga pinuju langkung cêlak ing pagagan sarta tatêkên cis. Ki Jaka dipun cêluk saking sajawining pagagan, thole, sira iku têka pijêr matun gaga bae, maria gonmu matun, nuli ngawulaa marang ing Dêmak. Sabab sira iku bakal raja amêngku ing tanah Jawa. Sasampuning ngandika lajêng kesah mangalèr. Sarêng sampun botên katingal, Ki Jaka tumuntên mantuk, matur dhatêng ingkang ibu. Kang ibu [i ...]

--- 35 ---

[... bu] mirêng saklangkung bingah sarta ngandika: Thole. Kowe bêgja bangêt, olèh pituduhe Sunan Kalijaga, kêbat nuli lumakua marang ing Dêmak, aja ngantèni gone matun gaga, sing kèri dak rêmbatne bae. Ki Jaka inggih nuntên lumampah kadhèrèkakên tiyang kêkalih, sampun dumugi ing Dêmak, anjujug griyanipun Kyai Ganjur.

Kacariyos Sultan ing Bintara sampun dumugi ing jangji puput yuswanipun, atilar putra nênêm, pambajêngipun èstri anama Ratumas, sampun krama angsal Pangeran Cirêbon. Panênggak anama Pangeran Sabrang Lèr, punika ingkang anggêntosi ingkang rama jumênêng ratu. Nuntên Pangeran Seda Lèpèn, nuntên Radèn Trênggana, nuntên Radèn Kandhuruan. Wuragilipun anama Radèn Pamêkas. Dene ingkang jumênêng ratu wau dèrèng lami lajêng seda, dèrèng apaputra. Ingkang anggêntosi jumênêng ratu Radèn Trênggana ajajuluk Sultan Dêmak, Ki Patih Mangkurat inggih sampun pêjah, ingkang anggêntosi dados patih anakipun jalêr, anama Patih Wanasalam. [Wanasa ...]

--- 36 ---

[... lam.] Kawicaksananipun angungkuli ingkang rama, para bupati sangandhap sami ajrih asih.

Kacariyos Radèn Jaka Tingkir sampun katampèn pangawulanipun ing Sultan Dêmak. Mênggah katuripun wau Sultan Dêmak pinuju miyos saking masjid. Ki Jaka andhodhok wontên pinggir balumbang, badhe sumingkir botên sagêd, sabab kapêngkok ing balumbang, Ki Jaka lajêng nglumpating[10] balumbang sarwi mungkur. Sultan Dêmak sarêng aningali sakalangkung kagèt, sarta andangu. Ki Jaka matur yèn kapenakanipun Kyai Ganjur. Ki Jaka lajêng kapundhut sarta kaabdèkakên. Kangjêng sultan saklangkung asih dhatêng Jaka Tingkir, amargi warninipun bagus, sarta anglangkungi kadigdayanipun. Ing lami-lami Ki Jaka Tingkir lajêng kapundhut putra, kawênangakên ngambah salêbêting kadhaton, sarta kadadosakên lalurah prajurit tamtama, sampun misuwur ing tiyang sanagari Dêmak.

Sarêng sampun antawis lami malih sang nata kagungan karsa badhe amêwahi prajurit tamtama, kathahipun kawanatus malih, amundhuti sarta amilihi tiyang sanagari tuwin padhusunan.

--- 37 ---

Kapilihan ingkang sami digdaya sarta têguh, yèn sampun angsal, lajêng dipun coba kaabên kalihan banthèng, manawi anampiling banthèng rêmuk sirahipun, inggih kalêbêt dados tamtama, yèn botên, inggih botên kalêbêt. Kacariyos wontên tiyang ing Kêdhupingit, anama Ki Dhadhungawuk, warninipun botên prayogi, nanging sampun komuk ing têguhipun. Ki Dhadhungawuk wau lajêng dhatêng ing Dêmak, sumêja lumêbêt prajurit tamtama, sarêng katur ing Radèn Jaka Tingkir, nuntên katimbalan dhatêng ing ngarsanipun. Radèn Jaka Tingkir sarêng aningali, sangêt gènipun botên rêmên, sabab warninipun sakalangkung awon. Lajêng tinantun, sarèhning wontên ing dhusun sampun kalok ing têguhipun, punapa purun kacoba dipun suduk. Wangsulanipun inggih purun. Ki Dhadhungawuk lajêng kasuduk ing sadak dhatêng Radèn Jaka Tingkir, dhadhanipun pêcah, lajêng pêjah. Kancanipun tamtama andikakakên sami tumut nyuduki ing dhuwung, jisimipun Ki Dhadhungawuk tatunipun arang kranjang, Radèn Jaka Tingkir sangsaya misuwur ing digdayanipun.

--- 38 ---

Kala samantên sampun katur ing sang nata, yèn Jaka Tingkir amêjahi tiyang badhe lumêbêt dados tamtama, kangjêng sultan saklangkung duka. Sarèhning kangjêng sultan wau ratu sangêt ing adilipun, Radèn Jaka Tingkir lajêng kadhawahan katundhung saking nagari ing Dêmak, kangjêng sultan amaringi diyat dhatêng ahli warisipun ingkang pêjah kathahipun gangsalatus reyal. Wondene Radèn Jaka Tingkir inggih lajêng kesah sami sakala saking ing nagari Dêmak. Ingkang ningali sami wêlas sadaya, utawi pri kancanipun tamtama inggih sami anangisi sadaya. Radèn Jaka Tingkir sangêt anggènipun kaduwung ing solahipun ingkang sampun kalampahan, sarta sangêt ing wirangipun aningali tatiyang ing Dêmak, sariranipun marlêsu, ciptanipun rêmên yèn tumuntêna amanggih pêjah, lampahipun ngidul ngetan anjog ing wana agêng, botên kantênan ingking[11]

dipun jujug, sabab saking sangêt bingunging manahipun. Kacariyos gènipun wontên satêngahing wana, sarta lumampah ing sapurug-purug ngantos gangsal wulan. [wu ...]

--- 39 ---

[... lan.] Kala samantên lampahipun dumugi ing wana Jatitêngah tanah rêdi Kêndhêng. Wontên ing ngriku kapêthuk kalihan Ki Agêng Butuh, Ki Agêng kagèt sarta ngandika sarta anyêlaki: Thole, mandhêga, rupamu lan pasêmonmu mèmpêr Si Kakang Pêngging kang wus mati, yèn kowe dadia putrane patut. Nanging bagus kowe lan dêdêgmu pidêgsa, Si Kakang ing Pêngging biyèn rada kadhuwurên sathithik. Kêbat sumaura, pinangkamu ing ngêndi. Ki Jaka matur: Wartosipun ingkang sami sumêrêp, kula inggih putranipun Ki Agêng Pêngging. Ki Agêng sarêng mirêng, enggal angrangkul dhatêng Ki Jaka sarwi ngandika: Yagene, gèr, kowe ana satêngahing alas kene. Ki Jaka matur ing wiwitan dumugi wêkasan. Kyai agêng saklangkung ngungun.

Kyai agêng tumuntên kondur, ingkang putra Radèn Jaka binêkta, sadhatêngipun ing Butuh Radèn Jaka saklangkung sinungga-sungga. Kyai Agêng Butuh nuntên angaturi Kyai ing Ngêrang, inggih sampun dhatêng wontên ing Butuh, lajêng winartosan yèn Radèn Jaka putranipun Kyai Agêng Pêngging. Kyai Agêng [A ...]

--- 40 ---

[... gêng] Ngêrang enggal angrangkul sarta anangisi, wicantênipun: Thole, aku biyèn tilik mênyang Pêngging, nanging kowe ora ana, wis digawa marang ibumu ing Tingkir, dadi wis bungah atiku, saikine kowe nêmu kasrakat mangkono. Thole, kowe narimaa, ing sakèhe tindakmu ora bênêr iku atas karsaning Allah, lan wis lumrahe wong bakal kapenak iku amêsthi wiwitane lara. Ki Agêng Butuh lan Kyai Agêng Ngêrang wau akathah-kathah piwulangipun dhatêng Radèn Jaka Tingkir, Radèn Jaka inggih saklangkung narimah sarta suka ing galihipun. Dene gènipun wontên ing Butuh Radèn Jaka wau ngantos kalih wulan. Sarêng sampun nêlas piwulangipun, Kyai Agêng Butuh ngandika: Thole, sarèhning wis antara pitung sasi gonmu lunga saka ing Dêmak, ing samêngko kowe balia marang Dêmak, utawa muliha marang Tingkir lan ing Pêngging, bokmanawa kangjêng sultan wis èngêt sarta animbali marang kowe, ora wurung digolèki ing ênggon kawijilane. Ki Jaka Tingkir matur sandika, tumuntên mangkat ijèn. Sadhatêngipun sajawining [saja ...]

--- 41 ---

[... wining] nagari Dêmak lajêng amêlingakên pri kancanipun tamtama, inggih sami dhatêng acacolongan. Radèn Jaka pitakèn dhatêng tamtama, sarèhning gènipun kesah sampun lami, sang nata punapa sampun andangu dhatêng piyambakipun. Wangsulanipun tamtama: Sang nata dèrèng wontên andangu. Ki Jaka sarêng mirêng sangêt malih susahing manahipun, lajêng pamit dhatêng kancanipun tamtama sumêdya ngalambrang malih. Lampahipun Radèn Jaka anjujug ing Pêngging, ing dalu lajêng sare ing dadagan, wontên ing pakuburanipun ingkang rama ngantos kawan dalu, nuntên mirêng swara atatela: Thole, sira lungaa angidul ngetan. Cêdhak ing desa Gêtasaji ana wong dhadhukuh jênênge Kyai Buyut ing Banyubiru, sira ngèngèra ing kono, anglakonana saparentahe. Radèn Jaka kagèt tumuntên wungu saking gènipun sare, lajêng mangkat ijèn.

Gêntos kacariyos ing dhukuh Calpitu sukunipun rêdi Lawu, ing ngriku wontên tiyang tapa, anama Ki Jabaleka, inggih trah saking ing Majapait. Ki Jabaleka wau gadhah putra

--- 42 ---

jalêr satunggil abagus warninipun, nama Mas Mănca. Ki Mas Mănca wau kesah saking ing Calpitu sumêja tapa dhatêng pasisir kidul, kèndêl wontên ing Banyubiru, lajêng kapêndhêt putra dhatêng Ki Buyut ing Banyubiru sarta sangêt dipun sihi, ingugung sasolahipun, winulang sakathahing kadigdayan, lan kinèn bantêr tapanipun, supados enggala tuwuh kang darajat, sabab Ki Buyut sumêrêp yèn Mas Mănca wau badhe dados êmbaning ratu. Kala samantên Ki Buyut ngandika dhatêng Ki Mas Mănca: Kulup, bakal ratumu mèh têka ing kene, rong dina êngkas masthi têka ing kene, yèn wis têlung sasi gone ana ing Banyubiru kene, iku wus andungkap jumênênge nata, besuk bakal kakutha ing Pajang, ratu iku angluwihi sakti, kineringan ing mungsuh, karatone angkêr, yaiku turune Dipati Dayaningrat ing Pêngging, kowe kang bakal dadi pêpatih, aku besuk kang angreka amrih gêlise jumênêng ratu. Ki Mas Mănca aturipun nuwun.

--- 43 ---

Sarêng sampun kalih dintên malih, Radèn Jaka Tingkir sampun dumugi ing Banyubiru, inggih nuntên kapêndhêt putra dhatêng Ki Buyut. Saklangkung ingêla-êla, kasadherekakên kalihan Mas Mănca. Ki Buyut anêlas piwulangipun dhatêng Radèn Jaka Tingkir tuwin Mas Mănca. Sasampuning jangkêp tigang wulan Ki Buyut ngandika dhatêng Radèn Jaka: Ênggèr, wis mangsane kowe ngatok marang ramakmu kangjêng sultan. Mumpung iki măngsa rêndhêng, amasthi ngadhaton ing gunung Prawata, dak kira têkamu ing Prawata, kangjêng sultan durung kondur marang ing Dêmak. Aku anggawani sarat, kang dadi jalarane kowe diwawuh ing kangjêng sultan. Lêmah iki lolohna ing Kêbo Dhanu, amasthi kêbo mau banjur ngamuk marang Prawata, wong Dêmak ora ana kang bisa amatèni, iku margane sang nata andangu marang kowe. Yèn kowe dikakake matèni kêbo mau, lêmahe guwangên dhisik, amasthi kêbo ya banjur kêna kok patèni. Lan kowe dak wèhi kanthi, adhimu Ki Mas Mănca sarta sadulurku lanang jênênge Ki Wuragil, lan kaponakaku, anake Ki Buyut [Buyu ...]

--- 44 ---

[... t] Majasta, jênênge Ki Wila, wong têlu iku aja nganti pisah karo kowe. Radèn Jaka Tingkir matur sandika, Kyai Buyut lajêng parentah dhatêng anak putunipun, andikakakên sami damêl gèthèk, badhe tatumpakanipun Radèn Jaka Tingkir, sarêng sampun mirantos, nuntên mangkat numpak gèthèk. Ki Buyut Banyubiru angatêr sapinggiring lèpèn, sarwi andadonga anênga langit. Ki Majasta ngatêr tumut nitih gèthèk. Gèthèk milir ing lèpèn Dêngkèng, sampun dumugi ing dhusun griyanipun Ki Majasta, kèndêl sipêng wontên ing ngriku tigang dintên, lajêng mangkat. Ki Majasta botên tumut, gèthèk milir dumugi ing bangawan Picis. Tiyang sakawan wau ingkang kêkalih anyatangi, ingkang kêkalih amêlahi. Sarêng wanci pukul sakawan sontên dumugi ing Kêdhung Srêngenge, anuntên wontên mêndhung sarta grimis awor barat. Ing kêdhung Srêngenge ngriku wontên ratuning baya, anama Baurêksa, pêpatihipun anama Jalumampang. Balanipun baya tanpa wilangan. Baya Jalumampang wau angirid bala kalihatus, sami angrampid [angrampi ...]

--- 45 ---

[... d] gèthèk, lajêng pêrang rame kalihan Mas Mănca wontên ing dharatan, Patih Jalumampang sarta baya pitungdasa sampun sami pêjah sinabêtakên ing kêkajêngan dhatêng Mas Mănca, dene Radèn Jaka Tingkir lajêng ambyur dhatêng salêbêting toya, pangraosipun kados wontên ing dharatan kemawon, nuntên prang rame, baya kathah ingkang pêjah ratuning baya ingkang nama Baurêksa sampun nungkul dhatêng Radèn Jaka, sarta aprajangji badhe ngatêr ing lampahipun Radèn Jaka wontên ing toya, lan prajangji badhe angaturi kalangênan baya satunggil-satunggil sabên taun.

Radèn Jaka Tingkir nuntên mangkat anitih gèthèk malih, iliring gèthèk dipun sanggi ing bajul kawandasa, ingkang nitih sami ngeca-eca lênggah kemawon, satang lan wêlahipun sami binucalan. Ing wanci dalu dumugi babagan ing Butuh, gèthèk kathothok, bajul sami sumêrêp ing wangsit, gèthèk kakèndêlakên. Radèn Jaka sarta rencangipun tatiga sarèhning sami sayah lan arip, lajêng sami tilêm wontên ing gèthèk. Ing wanci têngah dalu Ki Agêng Butuh

--- 46 ---

mêdal saking griyanipun, kagèt aningali pulung karaton cumalorot saking lèr kilèn, dhawah wontên ing lèpèn, panggenanipun tilêm Radèn Jaka wau. Ki agêng nuntên nututi ing dhawahing pulung, sadhatêngipun ing pinggir lèpèn, ki agêng botên samar aningali dhatêng Radèn Jaka, kang sare ing gèthèk, kadhawahan pulung, lajêng ginugah: Thole, tangia, aja pijêr turu bae, pulung karaton ing Dêmak wis ngalih marang sira. Radèn Jaka lan sarencangipun sampun sami tangi, lajêng binêkta dhatêng dhepokipun Ki Agêng Butuh. Ki Agêng Ngêrang inggih sampun dipun aturi dhatêng ing ngriku, nuntên sami amulang dhatêng Radèn Jaka, sarèhning pulung karaton ing Dêmak sampun ngalih dhatêng piyambakipun, punika gènipun badhe anggêntosi ing Sultan Dêmak sampun ngantos kakasap, kasuwuna ing Allah kemawon, lan amuriha lunturing sihipun sang nata. Sarta kawulang ing lampah nistha lan kang utami. Akathah-kathah piwulangipun ki agêng kêkalih wau ing Radèn Jaka, Radèn Jaka inggih sangêt anarimah sarta badhe

--- 47 ---

ngèstokakên ing piwulang wau. Radèn Jaka nuntên pamit mangkat lan sarencangipun, sami anumpak gèthèk, alon miliripun, sarêng dumugi ing dhusun Bulu tanah Majênang, nuntên mêntas dhatêng dharat. Bajul sami kawangsitan kapurih wangsula dhatêng ing panggenanipun ing Kêdhung Srêngenge. Radèn Jaka lan sarencangipun lajêng sami lumampah dharat. Wiwit kala samantên ing dhusun Bulu kaêlih nama ing Tindak. Lampahipun Radèn Jaka ngalèr ngilèn mêdal ing Garobogan. Sadhatêngipun talatah ing Prawata, Radèn Jaka sumêrêp, yèn sang nata taksih ngadhaton ing ngriku, dèrèng kondur dhatêng Dêmak. Radèn Jaka nuntên ngupados Maesa Dhanu. Sarêng sampun angsal, lajêng kalolohan siti babêktanipun saking ing Majasta maesa wau enggal lumajêng angamuk dhatêng pasanggrahan ing Prawata, angobrak-abrik pasanggrahan, sarta anggudag anyudhangi tatiyang. Kathah tiyang kang sami tatu tuwin pêjah, andadosakên gègèripun tiyang Saprawata, karampog lan dipun sanjatani botên pasah. Kangjêng sultan nuntên parentah

--- 48 ---

dhatêng abindipun[12] tamtama, andikakakên mêthukakên pangamuking Maesa Dhanu, sampun ambêkta gêgaman, sabab prajurit tamtama wau sampun sami dipun gagulang anampiling banthèng, sapisan rêmuk sirahipun pêjah. Prajurit tamtama inggih tumuntên mêthukakên pangamuking maesa, ijèn gêntos-gêntos, nanging botên wontên kang ngêntasi damêl, malah kathah kang sami pating kalèsèd, margi dipun bijigi sarta kaidak-idak. Pangamuking maesa wau ngantos tigang dintên tigang dalu, yèn sêrap srêngenge maesa wangsul dhatêng ing wana, manawi enjing lajêng ngamuk dhatêng ing pasanggrahan malih ambujêng tiyang.

Ing sabên dintên sang nata aningali saking papagungan.[13] Kala samantên sang nata aningali dhatêng Radèn Jaka Tingkir ingiring tiyang tatiga, lumampah malipir sawingkinging baris. Solahipuh kados tiyang aningali pangamuking maesa. Sang nata enggal ngandika dhatêng abdinipun kang nama Jêban: Jêban, pandêlêngingsun kae kaya Si Tingkir ingiring bature tatêlu, ingsun ora pangling, sira taria apa dhèwèke wani sun adu lan kêbo [kê ...]

--- 49 ---

[... bo] ngamuk. Yèn Si Tingkir bisa matèni kêbo iku, dak apura dosane kang wis kalakon. Radèn Jaka sarêng kadhawahan, aturipun sandika. Sang nata nuntên parentah angêpung maesa sarta dikakakên sami anyuraki ing Radèn Jaka gènipun tanglêd kalihan maesa, lan dikakakên nabuh monggang, sang nata aningali saking papanggungan. Radèn Jaka Tingkir tumuntên amurugi maesa, maesa inggih lajêng anggudag. Adangu gènipun tanglêd, kapurih erama kang sami ningali. Radèn Jaka dipun undha katadhahan sungu, nanging botên pasah, sungu sarta buntuting maesa kacandhak dipun sêndhal. Maesa rêbah gumlimpang, siti sarat saking Banyubiru sampun mêdal. Maesa dipun tampiling, rêmuk sirahipun sampun pêjah, andadosakên eram sarta sukanipun sang nata tuwin ingkang aningali sadaya. Radèn Jaka Tingkir lajêng kawangsulakên kalênggahanipun lami anglurahi prajurit tamtama, kangjêng sultan sampun pulih sihipun kados ingkang wau-wau. Sang nata nuntên bidhal kondur dhatêng nagari ing Dêmak.

__________

--- 50 ---

Kacariyos ing Matawis, punika sitinipun radin, sarta kathah toya, kathah wowohan, pala gumantung, pala kapêndhêm, pala kasimpar, tulus kang sarwa tinandur. Kalangênan ing toya lan ing dharat inggih kathah, sawarnining sumbêr toyanipun saklangkung bêning. Tiyang gagramèn inggih kathah, wontên ingkang lajêng agagriya ing ngriku. Ki Pamanahan sampun angalih nama Ki Agêng Matawis, sarta sampun mukti sakulawangsanipun sadaya. Nanging Ki Agêng Matawis wau taksih ambantêr ing tapanipun, sabab sumêrêp ing wirayatipun Sunan Giri, yèn ing Mataram benjing badhe wontên kang jumênêng ratu agêng angrèh ing tanah Jawi sadaya. Ciptanipun Ki Agêng Matawis, yèn sayêktos wirayat wau sampun liya saking turunipun. Milanipun Ki Agêng wau botên pêgat gènipun tapa utawi tirakat dhatêng ing wana sarta ing rêdi. Kala samantên Ki Pamanahan kesah tirakat ijèn, sarta sumêja anuwèni sadherekanipun ing tanah Rêdi Kidul anama Kyai Agêng Giring utawi Ki

--- 51 ---

Agêng Paderesan. Gènipun sadherekan kalihan Ki Agêng Matawis saklangkung sae, sampun kados sadulur tunggil rama ibu.

Kacariyos Ki Agêng Giring wau inggih sangêt gènipun tapa, pandamêlanipun andèrès. Ing wanci enjing Ki Agêng anginggahi paderesanipun. Ing ngriku wontên tirisan satunggil, cakêt lan kang sawêg dipun inggahi ki agêng. Tirisan wau salaminipun dèrèng nate awoh, ing dintên punika wontên wohipun satunggil, dawêgan. Ki Agêng sawêg atrap bumbung wontên ing nginggil tirisan, anuntên mirêng swara, prênahipun ing swara wontên ing dawêgan satunggil wau, ujaring swara: Ki Agêng Giring, wruhanamu, sapa kang ngombe banyu dawêgan iki, yèn kongsi êntèk, iku saturun-turune bakal dadi ratu gêdhe, amêngku ing tanah Jawa kabèh. Ki Agêng Giring sarêng mirêng swara makatên, enggal mudhun saking gènipun dèrès. Wontên ngandhap sampun sèlèh bonjor, lajêng mènèk dawêgan satunggil wau, sampun kapêndhêt binêkta mudhun, dene deresanipun botên [bo ...]

--- 52 ---

[... tên] dipun manah, amung dawêgan kang pinêlêng binêkta mantuk. Sadhatêngipun ing griya lajêng dipun parasi, nanging botên lajêng dipun unjuk. Mila makatên, pamanahipun ki agêng, sarèhning taksih enjing dados kakintên botên têlas yèn dipun unjuka, sabab dèrèng ngêlak, karsanipun ki agêng badhe babad dhatêng wana rumiyin adamêl ngêlak. Dawêgan lajêng kasinggahakên ing paga sanginggiling pawon. Ing sadintên punika ki agêng botên angopèni padamêlanipun anggodhog lêgèn adamêl gêndhis, amung manah dawêgan kemawon, Ki Agêng Giring nuntên kesah dhatêng ing wana sumêja babad.

Ing sapêngkêripun Ki Agêng Giring Ki Agêng ing Matawis dhatêng wontên ing ngriku, sarta pitakèn dhatêng semahipun Ki Agêng Giring: Bakyu, wakane dhatêng pundi, dene botên wontên katingal. Nyai Giring sumaur: Raka dika kesah dhatêng wana ucal kajêng. Ki Agêng Matawis lajêng lumêbêt ing pawon, sumêja ngunjuk kilang. Sarêng aningali ing pawon sêpên, botên wontên kilang utawi lêgèn, amung dawêgan satunggal ingkang wontên,

--- 53 ---

tumumpang ing paga, enggal kapêndhêt dhatêng Ki Agêng Matawis, kabêkta lumêbêt ing griya, lênggah ing ambèn, sarta ambolong dawêgan. Sumêja dipun unjuk toyanipun, sarta wicantên dhatêng Nyai Giring: Bakyu, punapaa dene botên anggodhog lêgèn, kula dhatêng pawon ajêng ngombe, ngupados lêgèn botên angsal. Nyai Giring sumaur: Inggih amung sadintên punika towong, karsane raka aso. Nyai Giring kagèt aningali dawêgan badhe dipun unjuk dhatêng Ki Agêng Matawis, enggal wicantên: Adhi, dawêgan niku ampun dika unjuk, wêlinge raka dika wantos-wantos, yèn siyos dika unjuk, amêsthi kula digitiki marang raka dika. Ki Agêng Mataram sumaur: Bakyu, ampun maras ati dika, dika sanjang yèn kula kang mêksa, sabab ngêlak kula sangêt, pinujunipun wontên dawêgan ing pawon, botên susah mènèk piyambak. Ki Agêng lajêng ngunjuk dawêgan, têlas sami sakal, botên kantun sacêrêt-cêrêta, saklangkung nikmat raosipun. Botên antawis [anta ...]

--- 54 ---

[... wis] dangu Ki Agêng Giring dhatêng sarta angrêmbat kajêng, anjujug ing pawon, kajêng sampun kasèlèhakên, karsanipun Ki Agêng Giring badhe lajêng ngunjuk dawêgan. Sarêng dipun tingali ing paga, dawêgan botên wontên, ki agêng enggal lumêbêt ing griya amanggihi Ki Agêng Matawis, sarta pitakèn dhatêng semahipun: wong wadon, dawêganaku kang tak dokok ing paga mau ana ing ngêndi. Semahipun mangsuli: Rayi dika niku kang mêndhêt. Kula pênging botên kenging, wicantêne saking ngêlake, lajêng dipun unjuk. Kyai Agêng Matawis sumambung: Inggih sayêktos kula kakang, kang ngombe dawêgan, tiyang sangêt gèn kula ngêlak, sampeyan dukani inggih sumăngga. Ki Agêng Giring sarêng mirêng wicantênipun Ki Pamanahan, sangêt gènipun gêtun, dangu gènipun kèndêl, bawaning tiyang sampun linuwih, dados sumêrêp ing takdir, yèn sampun pinasthi karsa Allah Ki Agêng Matawis badhe anurunakên ratu kang mêngku ing tanah Jawi. Ki Agêng Giring lajêng ambalakakên swara kang saking dawêgan sarta agadhah

--- 55 ---

panêdha dhatêng Ki Agêng Matawis: Adhi, panêdha kula makatên kemawon, sarèhning dawêgan sampun dika ombe, angsal kula anjaluk kadospundi, amung turun kula kemawon benjing kenginga gagêntosan lan turun dika, turun dika sapisan, nuntên kagêntosana turun kula. Ki Pamanahan botên suka. Panêdhanipun Ki Agêng Giring makatên punika ngantos ping nêm, Ki Agêng Matawis inggih botên suka, nuntên nêdha gêntos turun kaping pitu. Ki Agêng Matawis sumaur: Kakang, Allahualam, sok sukaa ing wingking, kula botên nguningani. Ki Agêng Matawis lajêng pamit mantuk dhatêng ing Matawis.

__________

Kacariyos dipati ing Pathi sumêja balela badhe amêngsah ing Mataram, dipun ampah dhatêng para santananipun botên kenging, lajêng utusan dhatêng Matawis, anyuwun ngêrèh siti dhusun salère rêdi Kêndhêng sadaya, sarta anyuwun waos salandheyanipun, kathahipun [kathahipu ...]

--- 56 ---

[... n] satus. Utusan inggih sampun mangkat, sampun kapanggih kalihan Panêmbahan, sarta angaturakên ing panyuwunipun ingkang rayi. Panêmbahan inggih lajêng amaringakên siti dhusun salère rêdi Kêndhêng sadaya. Wondene waos inggih kaparingan, ananging waos kemawon, botên mawi landheyan. Utusan lajêng mantuk. Ing sapungkuring utusan, Panêmbahan ngandika pawartos dhatêng Dipati Măndaraka, yèn Dipati ing Pathi badhe ambalik. Ki Dipati Măndaraka saklangkung ngungun. Wondene utusan ing Pathi wau inggih sampun matur dhatêng sang dipati, sang dipati lajêng parentah ambêbahak anêlukakên tiyang siti dhusun salèring rêdi Kêndhêng, sadaya inggih sampun sami nungkul, amung nagari Dêmak ingkang băngga, amapag prang muwêr salêbêting biting. Adipati Pragola ing Pathi sarêng sampun kathah balanipun lajêng bidhal, anglurug dhatêng Matawis, lan sabalanipun. Lampahing gêgaman saklangkung rêsah, samargi-margi tansah anjêjarah ambaboyong. Adipati Pajang enggal ngaturi uninga dhatêng [dha ...]

--- 57 ---

[... têng] ing Matawis, yèn Dipati Pathi sumêja ambêdhah ing Matawin.[14]

Panêmbahan sarêng mirêng aturipun Dipati Pajang, lajêng ngandika dhatêng putranipun ingkang anama Pangeran Dipati Anom: Thole, kowe mangkata lan wong Mataram kabèh, amapagna pamanmu ing Pathi, nanging aja kok lawani prang elingna bae, ewadene yèn mêksa lali, ya ladènana, tumbakku iki ênggonên. Dipati Măndaraka sumambung: Kapriye dene anakmu bae kang kok kon mapag prang, tak kira ora kêlar anadhahi prange Dipati Pathi. Panêmbahan amangsuli: Paman, mila wayah sampeyan kemawon kang kula kèn mêthukakên, pun adhi ing Pathi kula purih èngêta, sampun ngantos kalajêngakên gènipun nêpsu dhatêng kula, lan măngsa kolua mêngsah prang kalihan anak kula, Ki Dipati Măndaraka inggih lajêng kèndêl, pangeran dipati wau nuntên bidhal lan sabalanipun, kèndêl wontên ing Prambanan. Wondene gêgaman agêng ing Pathi sampun dumugi ing Kamalon, arêrêp wontên ing ngriku, sarêng enjingipun lajêng bidhal majêng, [ma ...]

--- 58 ---

[... jêng,] Pangeran Dipati ing Matawis inggih nuntên bidhal. Amung bêkta bala kang angampil upacara kemawon, balanipun ingkang kathah sami katilar wontên ing Prambanan. Botên dangu nuntên kapêthuk gêgaman ing Pathi, sang Dipati Pathi kagèt aningali wontên priyantun amêthukakên lampahipun amung kairing upacara, dangu-dangu sang dipati botên pandung yèn ingkang putra kapenakan. Sang dipati sangêt kanggêg galihipun, sarta lingsêm, enggal amurugi taksih numpak kapal sarta pitakèn: Thole, bapakmu ana ngêndi, lan kowe mrene iku gawemu apa. Pangeran dipati matur taksih numpak kapal: Raka jêngandika taksih wontên ing wingking, kula dipun utus matur dhatêng sampeyan, mênggah gèn sampeyan badhe dhatêng Matawis punika damêlipun punapa, yèn badhe ngrêbat nagari ing Matawis punika, tiyang kagungan sampeyan piyambak, sami ugi lan ing Pathi, sampeyan dikakakên wangsul kemawon. Sang Dipati Pragola ngandika sarta malengos: Aku wong wis sumurup [su ...]

--- 59 ---

[... murup] watêke bapakmu iku, mung sok ngenaki ati bae, saiki kowe balia, bapakmu konên mrene, anêmonana aku padha tuwa. Pangeran dipati matur: Bilih sampeyan botên karsa wangsul, sarta botên karsa èngêt gèn sampeyan gadhah sadhèrèk dhatêng kangjêng rama, kula dikakakên angladosi ing sakarsa sampeyan. Sang dipati sarêng mirêng sangêt duka, sarta wicantên: Bapakmu iku bangêt gone mêjanani marang aku, kowe dudu tandhingku prang, kang dak ancam-ancam bapakmu, bakal dak jak ngadu karosan sarta katêguhan. Kowe măngsa kêlara anadhahi prangku, kêbat balia bae, ngundanga bapakmu. Pangeran dipati mirêng wicantên saklangkung duka, ingkang paman lajêng dipun tumbak, sang dipati sangêt jola, nanging botên pasah, sarta wicantên: Kowe iki bocah ora kêna digawe bêcik, wis, dikêbat balia, bapakmu bae konên mrene. Pangeran dipati mêksa anumbaki, sang dipati kraos sakit, nanging botên pasah, enggal nyandhak tumbak, ingkang putra

--- 60 ---

dipun buntar kenging jajanipun, aniba saking kapal karungkêb ing siti botên emut, nuntên karêbat dhatêng balanipun, kabêkta dhatêng pasanggrahan Prambanan, sarta sami ngaturi uninga dhatêng Panêmbahan. Dene Sang Dipati ing Pathi inggih lajêng kèndêl sabalanipun wontên ing ngriku cakêt lèpèn Dêngkèng sarta ababiting, kang dipun damêl galugu. Panêmbahan Senapati sarêng dipun aturi uninga yèn ingkang putra katèmpêr, sangêt gènipun kagèt, lajêng ngandika dhatêng garwanipun kang saking Pathi, bakyunipun dening Sang Dipati Pathi: Nimas, adhimu wis lali têmênan, pratandhane dene kolu anumbak kaponakane. Ingkang garwa matur: Yèn makatên, kula inggih sampun lila pêjahipun rayi sampeyan, sabab sampun awon. Panêmbahan lajêng dandos. Sarêng sampun samêkta nuntên bidhal lan bala kêkapalan sadaya, lampahipun asêsandêran, dumuginipun ing pasanggrahan Prambanan sampun dalu. Panêmbahan kèndêl sakêdhap anata bala, sarêng sampun tata lajêng bidhal wanci lingsir dalu, Ki Dipati Măndaraka botên [botê ...]

--- 61 ---

[... n] kantun. Lampahing baris sampun cakêt lan bitingipun Dipati Pathi, bala Matawis sami surak, bêndhe Kyai Bicak tinabuh, swaranipun angungkung. Bala ing Pathi gègèr sami lumajêng ing sapurug-purug. Panêmbahan badhe lumêbêt ing biting botên pinanggih marginipun. Ki Dipati Măndaraka enggal anarik dhuwungipun anama Kyai Culik, lajêng kapancasakên ing bètèng galugu, rantas tatiga. Kyai Măndaraka anêdah margi dhatêng ingkang putra, Panêmbahan enggal lumêbêt sakapalipun sarta bala ing Matawis, lajêng sami ngamuk, bala ing Pathi botên wontên kang sagêd malês, kathah ingkang pêjah. Sang Dipati Pathi sarta balanipun kang taksih gêsang sami lumajêng atilar biting, kasarêngan lèpèn Dêngkèng banjir ladhu. Bala ing Pathi sami ambyur, kathah kang pêjah dening toya. Palajêngipun sang dipati lan sabalanipun sumêja mantuk dhatêng ing Pathi. Panêmbahan lan sabalanipun anglud. Sang dipati sarêng dumugi nagarinipun, enggal utusan anêdha bantu dhatêng para bupati kang cêlak-cêlak ing Pathi. Para dipati wau

--- 62 ---

inggih sami ambantoni prajurit, lajêng sami tata baris wontên ing Pathi. Panêmbahan inggih nuntên dhatêng lan sabalanipun, lajêng prang, tiyang ing Pathi kawon, kathah kang pêjah, sami lumajêng ambyur ing lèpèn banjir, kathah kang pêjah dening toya, Sang Dipati ing Pathi botên kantênan pêjah tuwin gêsangipun. Bala Matawis sami angrêrayah, sarta ambêboyongi. Bêdhahing Pathi sinêngkalan: 1551. Panêmbahan nuntên kondur dhatêng Matawis lan sabalanipun.

Kala samantên Panêmbahan Senapati sampun tulus gènipun jumênêng ratu, nagari Matawis saklangkung gêmah raharja. Ki Dipati Măndaraka matur, Panêmbahan dipun aturi anggêbag nagari Bang Wetan kang dèrèng nungkul, wangsulanipun Panêmbahan: paman, sapunika dèrèng mangsanipun. Benjing putu kula kang anêlukakên tiyang tanah Jawi sadaya, jumênêng ratu agêng tanpa timbang, kula punika amung abêbadhe kemawon. Kalih dene benjing yèn kula sampun tinêkakakên ing jangji, kang kula lilani anggêntosi kula jumênêng ratu ing Matawis,

--- 63 ---

anak kula pun Jolang, sanajan anèm, sabab badhe anurunakên wiji, anak-anak kula sadaya bilih wontên kang botên angèstokakên ing wêling kula puniki, sami kenginga babênduning Allah. Sampeyan sarta pun adhi Mangkubumi ingkang sami anjumênêngêna ratu ing wayah sampeyan. Ki Dipati Măndaraka matur sandika. Kala samantên Panêmbahan Senapati gènipun jumênêng ratu sampun tigang taun, Panêmbahan lajêng gêrah sangêt andadosakên sedanipun, kasarèkakên sakilèning masjid, ing dagane kang rama, sinêngkalan: 1552.

Sarêng ing dintên Soma Ki Dipati Măndaraka sarta Pangeran Mangkubumi miyos dhatêng ing sitinggil, akanthi Pangeran Dipati Anom. Pangeran dipati kalênggahakên ing dhampar mas, Dipati Măndaraka lan Pangeran Mangkubumi angapit kiwa têngên. Pangeran Mangkubumi jumênêng sarta ngandika sêru: sarupane wong Mataram kabèh, sira padha anaksènana, yèn pangeran dipati samêngko jumênêng sultan, anggêntèni ingkang [ing ...]

--- 64 ---

[... kang] rama. Manawa ana wong kang masgul atine sarta ora ngèstokake, padha têkakna budimu ing saiki, aku mungsuhe prang. Tiyang ing Mataram sadaya saur-pêksi jumurung. Para santana tuwin bupati mantri lajêng sami ngabêkti ing gang[15] prabu, sang nata nuntên kondur angadhaton.

--- [65] ---

Sêrat Babad Panambangan

--- [66] ---

[...]

--- [67] ---

Bab 5.

Lêlampahanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, wiwit pêthalipun kalihan Sinuhun Kabanaran, ngantos dumugi konduripun dêdalêm, ing nagari Surakarta.

--- 68 ---

Gêntos kawuwusa, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara ingkang wontên ing Prambanan, kala samantên sawêg nuju rêmbagan kalihan Tumênggung Kudanawarsa, dèrèng ngantos dumugi kasaru utusanipun ingkang rama sultan ing Kabanaran, wigatos animbali, nanging kangjêng pangeran dèrèng karsa sowan, amung angecani sarak kemawon, utusanipun ingkang rama wau ngantos rambah-rambah, wangsulanipun ingkang putra amung nyanggi krami. Botên kacariyos laminipun, sarêng sampun sawatawis dintên malih Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara anampèni palapuranipun abdi mantri pacalang kêkalih, bilih samangke ingkang rama Sultan Kabanaran sampun kêmpal kalihan Kumpêni, sumêdya sabaya-pêjah, awit saking pratelanipun Sarib Bêsar Sèh Ibrahim, inggih punika utusanipun Sultan ing Ngêrum, marentahakên dhatêng Kumpêni supados angukup dhatêng rama dalêm Kangjêng Sultan Kabanaran, saha samangke sampun kalampahan rama dalêm kinintunan makutha saking nagari [na ...]

--- 69 ---

[... gari] ing Ngêrum, têmahan tuwan guprênur dahat sihipun dhatêng rama dalêm. Kangjêng pangeran sarêng miyarsa aturipun abdi mantri pacalang ingkang makatên punika, kawistara ing sêmu sakalangkung sungkawa, ananging sinamun datan katawis, tumuntên dhawuh dhatêng Tumênggung Kudanawarsa: Hèh kaki, mungguh pawarta mau apa sanyata. Tumênggung Kudanawarsa matur: Gusti, saking srêming-srêminging pamirêng kula, pawarti punika kados kathah yêktosipun, têmahan samangke kula kèngêtan supêna kula nalika dalu malêm Jumuwah, katingalipun ing pasupênan, rama dalêm Sultan Mangkubumi, wontên ing satêngahing payudan kapisah kalihan wadyanipun, miyos saking wana kalihan amandhi waos, landheyanipun sangêt agêng ngantos sapucang, saha nitih turăngga ulês dhawuk ugi langkung agêng, ing ngriku rama paduka ngandika dhatêng kula makatên: Hèh Kudanawarsa, bangêt sokur ingsun katêmu kalawan sira, dene samêngko aku lagi katilapan kalawan wadyaningsun ana satêngahing paprangan, mulane iki aku anjaluk gawemu, sarèhning

--- 70 ---

aku sayah, tumbak iki gawanên gênti. Anggènipun ngandika wau sarwi ngulungakên waos, ananging kula lajêng matur: Gusti, mênggah karsa dalêm punika kula botên kuwawi angêmbat, amargi agêm dalêm waos punika paningal kula sangêt awrat, nanging rama paduka taksih mêksa, salajêngipun waos kula tampèni, nuntên sami andumugèkakên lampah kula wontên ing wingking sarwi amandhi lawung, awit saking awrating waos, mila sarêng sampun antawis sapambalang têbihipun, kapal tumpakan kula lajêng ambruk, têmah kalajêng pêjah, kula andumugèkakên amung dharat ugi taksih ngampil waos wau, sangêt rêkaos pambêkta kula ewadene rama dalêm tansah anggêgujêng sarwi angandika: Hèh Kudanawarsa, sira iku basane nyolong pêthèk, awit yèn dinulu dhapurmu, kaya-kaya karosanmu angluwihi wong sapuluh, ing măngka yèn bocahku Suranata kang ngampil tumbak iku sabêdhug durung anjaluk gilir isih kuwat bae. Wusana tumrap ing kowe durung nganti olèh saonjotan têka

--- 71 ---

wis ambruk tungganganmu jaran nganti mati, yèn mangkono Kudanawarsa sira durung antuk wahyuning prajurit kang nyata, dadi isih aran prajurit anggaran bae, dene bab kuwanènmu uga kalêbu ing bêbasan gêni sakonang. Dumugi samantên pangandikanipun rama dalêm, kasêlak kula lajêng nglilir. Sangêt ing pangungun kula, osikining manah kula ing batos, têtela bilih samangke rama paduka taksih winongwong ing Pangeran Ingkang Kawasa, watawis wontên satêngah wulan kalihan anggèn kula supêna wau, kula lajêng mirêng pawartos, yèn ing Batawi saèstu kadhatêngan utusanipun Raja ing Ngêrum, kanthi prajurit ngantos pintên-pintên baita, satunggal-tunggaling baita kamot prajurit sèwu, mênggah parlunipun kadhawuhan mariksani karisakanipun ing tanah Jawi, mila sarêng dumugi ing Samarang utusan ing Ngêrum pamondhokipun wontên ing ngloji, griyanipun petor bêsar, salêbêtipun wontên Samarang ingkang rinêmbag bab kawontênanipun pêrang ing tanah Jawi, bilih botên tumuntên kasirêp, badhe adamêl [ada ...]

--- 72 ---

[... mêl] karisakanipun para tiyang siti ing pulo Jawi, wêkasan badhe anjalari pakèwêding lampahipun para among dagang. Saking pamanggihipun tuwan petor bêsar, Tuwan Sèh Ibrahim sagêda kintun sêrat dhatêng Sultan Mangkubumi ing Kabanaran, amargi punika panggalihanipun sae tur prawira ing ngajurit, mila prayogi kinukupa. Kalampahan Tuwan Sèh Ibrahim sangêt wêlasipun dhatêng rama paduka Sultan ing Kabanaran, lajêng anglêksanani paring sêrat sarana têmbung pangêla-êla, cêkakipun rama paduka Sultan ing Kabanaran lajêng anut sarta miturut ing sakarsanipun Tuwan Sèh Ibrahim. Sarêng sampun sawatawis dintên rama paduka Sultan ing Kabanaran lajêng utusan Adipati Suryanagara, kanthi Tumênggung Sindusêtra, kadhawuhan ngaturakên nawala dhatêng Tuwan Sèh Ibrahim tuwin dhatêng tuwan guprênur, ingkang suraos, rama paduka ugi badhe karsa anut kalihan Kumpêni ananging sampun ngantos kêkanthenan kalihan tuwan dêlèr ing Samarang, awit rumiyin sampun marambah-rambah anggènipun anyidrani, sarêng sêrat [sê ...]

--- 73 ---

[... rat] sampun katampèn dhatêng Sèh Ibrahim, lajêng rêmbagan kalihan tuwan guprênur, wêkasan tuwan guprênur lajêng kêkintun dhatêng rama paduka warni sangkêlat ngantos pintên-pintên gotongan, punapadene arta kathahipun pitungèwu reyal. Têlas aturipun Tumênggung Kudanawarsa. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara saya karêrantan ing panggalih, lajêng ngandika: Kudanawarsa kandhamu iku têka têrang têmên iku saka sapa. Kudanawarsa matur: Punika angsal kula pawartos saking pun Kaki Sêtrawijaya, dene pun Kaki Sêtrawijaya wau dados juru sêratipun tuwan petor bêsar ing Samarang, mila pawartosipun sagêd têrang, botên ngamungakên punika kemawon pawartos ingkang têrang sanadyan sadaya pirêmbag ingkang saking Sèh Ibrahim ugi têrang sadaya. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng dhawuh ambidhalakên wadyabala supados lajêng nêmpuh barisanipun ingkang rama Sultan Kabanaran, mêdal ing wana Tuwa jêblos ing dhusun Butuh Puyang.

Kacariyos, Kangjêng Sultan ing Kabanaran,

--- 74 ---

sawêg nuju siniwaka para bopati kasaru dhatêngipun Adipati Suryanagara kalihan Tumênggung Sindusêtra saking ing Samarang, lajêng marêk ngarsanipun kangjêng sultan, angaturakên saliring dinuta, saha ngaturakên sêrat wangsulan saking Tuwan Sèh Ibrahim, ugi sampun katampèn, punapa ing sasuraosipun sampun kacakup sadaya, tumuntên kangjêng sultan andangu dhatêng Adipati Suryanagara: Kapriye iki dhawuhe bapa Kangjêng Sèh Ibrahim, aku dipurih marèni gonku mangun yuda. Adipati Suryanagara matur: Gusti mila inggih makatên karsanipun rama paduka Kangjêng Sèh Ibrahim, mênggah pangandikanipun dhatêng kula makatên: Suryanagara sira matura mring anak prabu, samêngko yèn kêna, wêkasku anak prabu aja kongsi amangun yuda manèh, sanadyan katêkan mungsuh prayoga kaênêngna bae, aja nganti linawanan, dene karampungane prakara iki nyarantèkna satêkaku saka ing Batawi, sêdhêng aku wis olèh katrangan saka tuwan guprênur anggonku anjalukake saparone karaton tanah Jawa, mulane [mu ...]

--- 75 ---

[... lane] anak prabu aja sumêlang panggalihe, amung mêmujia kasidaning laku bae. Sarêng sampun têlas piwêlingipun ingkang rama dhatêng kula makatên wau, kula lajêng kalilan mantuk kanthi kaparingan sêrat punika, salajêngipun ingkang rama Sèh Ibrahim nuntên bidhal tindak dhatêng ing Batawi.

Rikala samantên sawêg sêdhêngipun angandika, kasaru gègèring Jawi, alok bilih wontên mêngsah andhatêngi, inggih punika barisanipun Pangeran Adipati Mangkunagara, sanalika kangjêng sultan sumêdya amêthukakên, ananging lajêng kèngêtan piwêlingipun ingkang rama Kangjêng Sèh Ibrahim, mila botên saèstu, amung dhêdhawuh sawontêning wadyabala sami kadhawuhan mrênca dados sakawan golongan.

Sagolongan, pangagêngipun 1. Pangeran Adipati Anom, 2. Pangeran Angabèi kanthi Răngga Wirasêtika, manggèn ing gunung Gamping.

Sagolongan, pangagêngipun Adipati Suryanagara, manggèn ing Garobogan.

--- 76 ---

Sagolongan, ingkang mangagêngi kangjêng sultan piyambak, manggèn wontên ing Mataram, ngiras anjampangi barisan Kumpêni, badhe angyêktosakên katêmênanipun tuwan dêlèr ing Samarang anggèning sampun sanggêm badhe bantu.

Gêntos kacariyos, kangjêng tuwan guprênur ing Batawi, arêmbagan kalihan para rad Kumpêni, sarèhning pêpêrangan ing tanah Jawi dumugi samangke dèrèng wontên wusananipun, amila saking karsanipun tuwan guprênur sumêdya nyuwun lilah dhatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, badhe anjumênêngakên sultan dhatêng Pangeran Adipati Mangkubumi wontên ing Ngayogyakarta, tuwin nyuwunakên lênggah siti sapalihipun nagari Jawi, mênggah karsanipun guprênur wau para rad ugi sampun anyonjongi[16] sarta sampun kalampahan, ingkang sinuhun ing Surakarta ugi sampun amarêngakên, janji paprangan punika lajêng sagêd kèndêl, sarta murih têntrêmipun para kawula tiyang alit, amung Pangeran Mangkubumi sarèhning sampun rambah-rambah katantun badhe kajumênêngakên sultan sarta

--- 77 ---

kaparingan lênggah siti sapalihing nagari Jawi dèrèng kadugi anglampahi, amargi taksih sujana dhatêng Kumpêni, mila saking budidayanipun Kumpêni lajêng ngêrsaya dhatêng Sarib Bêsar Sèh Ibrahim, inggih punika utusanipun kangjêng Sultan ing Ngêrum ingkang sampun kasêbut ing ngajêng, supados angêngimur dhatêng panggalihipun Pangeran Mangkubumi, sagêda miturut sapangrèhing Kumpêni, dene anggènipun Kumpêni ngêrsaya dhatêng sarib bêsar wau, amargi Pangeran Mangkubumi ing wêkdal punika sawêg kêncêng anglampahi sarakipun Kangjêng Rasul, mituhu dhatêng agami Islam, katăndha bilih mirêng cariyosipun băngsa Sayid, utawi ingkang alim dhatêng sarak, panggalihipun lajêng pitados.

Enggaling cariyos, kala samantên tindakipun sarib bêsar sampun dumugi ing Batawi, lajêng sowan dhatêng tuwan guprênur, sasampunipun pinanggih lajêng ngaturakên rekadayanipun Kumpêni, samangke kados badhe kasêmbadan, awit pangimuripun Sèh Ibrahim dhatêng Pangeran Mangkubumi sampun miturut, amung mundhut prajanji

--- 78 ---

jumênêngipun sultan sagêda kados ingkang eyang swargi Sinuhun Pakubuwana ingkang sapisan ing Kartasura. Sarib bêsar inggih sampun nyanggêmi, sarta badhe kaaturakên dhatêng tuwan guprênur. Tuwan guprênur sarêng mirêng aturipun sarib bêsar sakalangkung suka, dhawuhipun: Iya baik.

Kawuwusa, sasampunipun makatên, tuwan guprênur lajêng matah dhatêng Tuwan Dêlèr Hèting tuwin tuwan petor kanthi wadya drahgundêr: 400 têtindhihipun Tuwan Mayor Sêkèbêr, pêrlu kakanthèkakên sèh sarib bêsar dhatêng Ngayogyakarta, anggènipun badhe anjumênêngakên Sultan Pangeran Mangkubumi wontên ing Ngayogyakarta, dene tuwan kumêndur ugi badhe sarêng tindak dhatêng ing Surakarta, pêrlu badhe pêpanggihan kalihan Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, nyuwun lilah badhe pamalihipun nagari, sarêng sampun sami mirantos lajêng bidhal asowang-sowang.

Ingkang Sinuhun ing Kabanaran sampun nampèni sêrat saking tuwan guprênur, bilih sarib bêsar kautus dhatêng Ngayogyakarta, kalihan tuwan dêlèr kêkalih pêrlu badhe anjumênêngakên [anjumênênga ...]

--- 79 ---

[... kên] sariranipun dados sultan, ing ngriku ingkang sinuhun lajêng dhawuh mirantos pondhokan tuwin matah pangeran 2 sarta bopati 2 sami kadhawuhan mêthuk sarib bêsar. Sarêng dumugi dintên ingkang sampun katamtu ingkang sinuhun miyos dhatêng pagêlaran, botên antawis dangu sarib bêsar rawuh dumugi ing alun-alun kaurmatan ungêling găngsa sarta drèl, wontên ngajêng tratak kapêthukakên ingkang sinuhun lajêng sêsalaman, punapadene para tuwan lajêng sami têtabean, sasampunipun bage-binage lajêng sami satata lênggah, sarib bêsar matur sapêrlunipun kautus dhatêng tuwan guprênur, badhe nêtêpakên jumênêngipun, sultan ingkang sinuhun. Ing ngriku ingkang sinuhun lajêng andhawuhakên dhatêng para bopati, bilih benjing dintên Sênèn pasowanan agêng ingkang sinuhun badhe jumênêng sultan, sasampunipun parentah lajêng jêngkar ngadhaton, wontên ing kadhaton lêlênggahan sawatawis lajêng bibaran, sarib bêsar kapondhokakên wontên ing masjid, ingkang sinuhun dhatêng sarib bêsar sakalangkung ajrih sarta

--- 80 ---

urmat, salêbêtipun sarib bêsar wontên ing Ngayogyakarta ingkang sinuhun kêrêp tindak dhatêng pondhokanipun ing masjid.

Kacariyos, sarêng ing dintên Sênèn, para putra santana tuwin kawula sadaya sampun sami sowan pêpak ing pagêlaran, ingkang sinuhun miyos saking kadhaton, kadhèrèkakên dening tuwan idêlèr tuwin sarib bêsar, sarêng sampun sami lênggah satata sarib bêsar lajêng ngadêg sarwi ngandika sora: Bilih samangke Pangeran Mangkubumi kajumênêngakên nata, ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amangkubuwana, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ing Ngayogyakarta. Kaestrenan para bopati tuwin para ngulama, sami andonga nurbuwah, Tuwan Dêlèr Hèting maos sêrat prajanjian têtêpipun jumênêng nata wau, kalihan dados senapatining ayuda manawi Kumpêni manggih pakèwêd, ingkang sinuhun kangjêng sultan ingkang wajib dados manggalaning pêrang, sasampuning kaurmatan ungêling drèl drahgundêr tigang rambahan, guprênur nyaosi [nya ...]

--- 81 ---

[... osi] drahgundêr kathahipun: 400, pangagêngipun Tuwan Sêkèbêr, minăngka jagi rumêksa pakèwêd, sarampunging pêrlu sarib bêsar tuwin tuwan dêlèr kêkalih sami wangsul dhatêng ing Samarang, amung Tuwan Sêkèbêr ingkang kantun angiyasakakên kadhatonipun kangjêng sultan wontên ing Ngayogyakarta, dene pakurmatan konduripun guprênur botên ewah kados kala rawuhipun.

Amangsuli tindakipun tuwan guprênur ing Batawi sampun dumugi ing Surakarta, pakurmatanipun botên kacariyosakên, enggalipun sampun pêpanggihan kalihan ingkang sinuhun ing Surakarta, ngaturi priksa bilih Pangeran Mangkubumi sampun miturut saha sampun katêtêpakên jumênêng sultan wontên ing Ngayogyakarta, ing mangke tuwan guprênur nyuwunakên siti palihanipun nagari Jawi minăngka lênggahipun kangjêng sultan, ingkang sinuhun ing Surakarta inggih sampun amarêngakên, nanging mundhut pêpanggihan piyambak kalihan ingkang rama kangjêng sultan ing Ngayogyakarta, ing ngriku tuwan guprênur inggih

--- 82 ---

sampun anyagahi, nanging nyuwun pamit badhe dhatêng Ngayogyakarta rumiyin, sumêdya prasabên kalihan kangjêng sultan. Ingkang sinuhun ugi sampun amarêngakên. Tuwan guprênur lajêng bidhal dhatêng ing Ngayogyakarta, ing margi botên kacariyos, dumugi ing Ngayogyakarta sampun pêpanggihan kalihan kangjêng sultan, mratelakakên ingkang dados karsanipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, sumêdya pêpanggihan piyambak, saha kangjêng sultan badhe botên kawênangakên milih palihanipun nagari. Guprênur matur: Kadospundi mênggahing kangjêng sultan. Wangsulanipun kangjêng sultan inggih sampun miturut ingkang dados karsanipun ingkang Sinuhun ing Surakarta.

Tuwan guprênur sakalangkung lêga panggalihipun, lajêng anamtokakên ing dintên Kêmis tanggal kaping 1 wulan Sapar ing taun Jimakir, sami pêpanggihan wontên ing dhusun Pagiyanti, sarampunging pirêmbagan tuwan guprênur lajêng pamitan, enggaling cariyos guprênur lajêng ngaturi sêrat dhatêng ingkang sinuhun ing Surakarta, bilih Kangjêng Sultan [Su ...]

--- 83 ---

[... ltan] ing Ngayogyakarta sampun karsa badhe pêpanggihan katamtokakên benjing ing dintên Kêmis tanggal kaping 1 wulan Sapar ing taun Jimakir wontên ing dhusun Pagiyanti, ingkang sinupun[17] kaaturan iyasa tarub ingkang badhe kangge pêpanggihan wapu,[18] sarêng dumugi ing dintên ingkang katamtokakên, ing dhusun Pagiyanti sampun kaadêgan tarub agung rinêngga sarwa asri, ing ngriku ingkang Sinuhun ing Surakarta sarta ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, punapadene tuwan guprênur sampun sami rawuh, para bopati tuwin para tuwan sami katimbalan dhatêng ing dhusun Pagiyanti, amung kakantunakên bopati sawatawis ingkang taksih pacak barin,[19] anjagi pangramanipun Pangeran Adipati Mangkunagara. Sarêng sampun satata anggènipun lênggah, tuwan guprênur lajêng matur dhatêng ingkang Sinuhun ing Surakarta, têmbungipun: Ingkang sinuhun ing mangke paduka sampun pêpanggihan piyambak kalihan ingkang rama kangjêng sultan, pramila kula amung nyumanggakakên.

Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan lajêng ngandika dhatêng [dha ...]

--- 84 ---

[... têng] Patih Pringgalaya: Hèh Pringgalaya, matura marang rama prabu sultan, samêngko rama sultan kabênêr nampanana bumi saparone nagara Jawa, nanging saka karsaningsun sapisan, rama sultan apa narima yèn ora kêna milih dhisik, kapindho kang wus kapacak ing prajanjian rama sultan ora kêna yèn anjaluka pêparoning nagara Surakarta, utawa barang isi pura, dene unining prajanji kang pinaro mung bumi pasisir măncanagara ing Bang Wetan, sarta pasisir ing Bang Kulon kabèh.

Patih Pringgalaya lajêng matur dhatêng sinuhun sultan kados dhawuhipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan wau.

Wangsulanipun ingkang sinuhun kangjêng sultan makatên: Patih Pringgalaya matura marang anak prabu, ingsun iya wis narima kaya kang dadi karsane anak prabu. Radèn Adipati Pringgalaya sampun ngunjukakên panarimahipun ingkang rama kangjêng sultan. Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan tumuntên ngandika: Hèh Pringgalaya, layang prajanjian pamaroning bumi wacanên, supaya sarupane [sa ...]

--- 85 ---

[... rupane] bocah ingsun para bopati ing pasisir utawi ing măncanagara padha sumurupa. Patih Pringgalaya matur sandika. Tumuntên lajêng maos sêrat prajanjian amung kapêndhêt saprêlunipun kados ing ngandhap punika.

Kang milu ing Surakarta ing Bang Wetan, 1. Balitar, 2. Brêbêg, 3. Nganjuk, 4. Pace, 5. Srêngat, 6. Kêrtasana, 7. Tulungagung, 8. Trênggalèk, 9. Kadhiri, 10. Majarata, 11. Basuki, 12. Rêmbang, 13. Balora, 14. Wanasaba, 15. Jagaraga, 16. Magêtan.

Dene bumi kang milu ing Ngayogyakarta, 1. Madiun, 2. Panaraga, 3. Samarata, 4. Maèspati, 5. Sidayu, 6. Pasuruan, 7. Pacitan, 8. Kalangbrèt, lan saurute pasisir ing Garêsik.

Ing Bang Kulon, saurute Banyumas pasisir kulon kabèh kaparo sigar sêmăngka.

Sarêng pamalihipun wau sampun rampung, tuwan guprênur matur ing sang prabu sakalihan, kasuwun supados sami rukuna, utawi kawalêran [kawalêr ...]

--- 86 ---

[... an] sampun ngantos pasulayan, tuwin prajanjianipun sang prabu sakalihan, saupami wontên bêbaya tuwin pakèwêding parangmuka, salah satunggalipun botên kenging yèn mingkuha ing damêl.

Sahing prajanjian dintên Kêmis tanggal kaping 1 wulan Sapar ing taun Jimakir sinêngkalan, sukaning sarira ngrasa tunggal = (1681) utawi ing taun Walandi: 1755, tuwan guprênur lajêng kondur dhatêng Batawi. Sang prabu sakalihan sami dhawuh anganjiri watês-watês silahing siti Surakarta kalihan ing Ngayogyakarta. Tumrap ing Surakarta ingkang tinanggênah Radèn Pringgalaya kanthi bopati kêkalih, mawi kajênêngakên dening oprup Tuwan Hèndrik ngiras dados pangagênging Kumpêni, anjagi mêngsah pangramanipun Pangeran Adipati Mangkunagara, dene tumrap ing Ngayogyakarta ingkang tinanggênah amung bopati kêkalih. Sang prabu sakalihan lajêng sami bidhal kondur sowang-sowang.

Kacariyos, Radèn Adipati Pringgalaya, sagolonganipun băngsa Jawi ingkang pinatah [pina ...]

--- 87 ---

[... tah] nganjiri watês, ngantos lami dèrèng rampung-rampung, amargi tindakipun kirang jujur, dangu-dangu patrap ingkang makatên wau kadêngangan dening tuwan oprup, ngantos dipun wêlèhakên, mila Radèn Adipati Pringgalaya sangêt wirangipun, têmahan anglalu lajêng kataman gêrah murus salêbêtipun kalih dintên seda.

Sarêng ingkang Sinuhun ing Surakarta anampèni palapuranipun bopati kêkalih bilih Patih Pringgalaya ajal, ingkang kakarsakakên anggêntosi dados patihipun sang prabu inggih punika Radèn Tumênggung ing Garobogan (Kêdhu), ingkang sampun nyuwun kèndêl, lajêng kaangkat malih kawisudha dados patih, kaparingan nama tuwin sasêbutan Radèn Adipati Mangkupraja, sampun kalampahan, awit punika kagalih anyêkapi sarta sampun cêkap yuswa, saèstu sagêd nindakakên dhatêng pangrèh praja.

Gêntos ingkang kacariyos, Pangeran Adipati Mangkunagara, ingkang pacak baris wontên ing ardi Kidul, nantun dhatêng Tumênggung Kudanawarsa: sarèhning yayi prabu ing Surakarta wis padha

--- 88 ---

tundhuk karo rama prabu ing Ngayogyakarta, malah wis kalakon paronan nagara, kang iku mungguh sariraningsun sumêdya tundhuk, bêcik mênyang Surakarta apa mênyang Ngayogyakarta.

Tumênggung Kudanawarsa matur: Gusti ingkang abdi amung andhèrèkakên sakaparêngipun ing karsa dalêm, amargi karaton kalih pisan punika sami wajibipun yèn ngukupa dhatêng paduka.

Ing ngriku para punggawa sami kamipurun sumambung atur: Dhuh gusti, sarèhning sampun kados makatên, pêrlunipun punapa saupami panjênêngan dalêm badhe karsa tundhuk, langkung prayogi kalajêngakên ing ayuda, awit wadyabala dalêm botên wontên ingkang kêndhak manahipun, taksih wêwah-wêwah sangsaya kathah, tekadipun sami sabaya-pêjah, bokmanawi sagêd unggul ing ajurit, ing têmbe badhe sagêd ngukup sapratiganing nagari.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sarêng midhangêt aturipun para punggawa ingkang makatên wau, panggalihipun kados dhinungkar, lajêng ngandika: Kaki Tumênggung Kudanawarsa, kaya-kaya

--- 89 ---

bênêr ature para punggawa iku, ing mêngko bêcik undhangna marang bocah ingsun wadyabala kabèh, padha mirantia mangsah pêrang, karsaningsun anggêpuk ing Ngayogyakarta dhisik, nuli anggêpuk ing Surakarta.

Tumênggung Kudanawarsa matur sandika, lajêng ngundhangakên, sasampunipun samêkta Tumênggung Kudanawarsa matur: Gusti, kauningana, wadyabala ing Ngayogyakarta samangke pacak baris wontên ing sangandhaping ardi pasanggrahan dalêm ngriki, ingkang mangagêngi, 1. Pangeran Adipati Anom, 2. Pangeran Angabèi, 3. Pangeran Natakusuma.

Ing ngriku Pangeran Adipati Mangkunagara rumaos kados tinêpak wadananipun, lajêng parentah ngangsahakên wadya, tumuntên campuh pêrang rame, dangu-dangu bala ing Ngayogyakarta kalindhih, mundur dhatêng sacêlalking[20] ardi Gamping.

Ingkang sinuhun kangjêng sultan sarêng midhangêt wadyanipun kasêsêr, lajêng parentah dhatêng Patih Adipati Suryanagara, kadhawuhan prasabên dhatêng Patih Mangkupraja ing Surakarta, supados anjagia [anja ...]

--- 90 ---

[... gia] wontên ing tapêl watês, awit barisanipun Pangeran Adipati Mangkunagara agêng sangêt, ingkang dhinawuhan inggih lajêng ngèstokakên, kangjêng sultan tumuntên bidhal sawadyabalanipun, lajêng campuh pêrang, ing ngriku bala Kamangkunagaran gêntos kalindhih. Pangeran Adipati Mangkunagara sawadyanipun lumèngsèr mangalèr dumugi ing dhusun Sêmanggi, katututan dening bala Ngayogyakarta lajêng campuh pêrang malih, bala Mangkunagaran kasêsêr, Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng têrus lumèngsèr mangalèr dalah garwa putra tuwin wadyabalanipun, mêngsah Ngayogyakarta taksih angodhol. Kangjêng sultan lêrêp wontên ing dhusun Sampangan, sapang[21] sampun sawatawis dintên lajêng kondur dhatêng nagari Ngayogyakarta.

Kacariyos, anggènipun lumèrèg Pangeran Adipati Mangkunagara dumugi ing dhusun Kuwu, lajêng ngirup padhusunan sacêlaking ngriku, tiyangipun sami suyud sadaya, bala ing Mangkunagaran dados kathah malih, katungka dhatêngipun wadyabala ing Surakarta, pangagêngipun Radèn [Radè ...]

--- 91 ---

[... n] Adipati Mangkupraja, kalihan Tuwan Yan Hèndrik, tuwin wadyabala ing Ngayogyakarta, pangagêngipun Radèn Adipati Suryanagara, kanthi Tuwan Mayor Sêkèbêr, tumuntên campuh pêrang ngantos gogot, Tuwan Mayor Sêkèbêr nêmahi pralaya, dangu-dangu bala ing Mangkunagaran kantun tiyang kalih dasa, sampun botên kuwagang nanggulangi. Pangeran Adipati Mangkunagara sagarwa putra dalah sakantuning wadya mundur rêrêp wontên ing dhusun Lawang, dene para mêngsah botên wontên ingkang sami ambujêng, lajêng kèndêl wontên ing Kuwu.

Kawuwusa, Pangeran Adipati Mangkunagara salêbêtipun lêrêp wontên ing dhusun Lawang, sakalangkung sungkawa utawi sangêt karisakanipun, siyang dalu botên karsa dhahar botên karsa sare, amung nênuwun mugi angsala pangapuraning Allah, kala samantên Radèn Tumênggung Kudanawarsa anggadhahi atur sêsulang, têmbungipun: Dhuh gusti, mugi panjênêngan dalêm sampun sangêt-sangêt anawung sungkawaning panggalih, langkung prayogi nyakecakakên sarira, dene sapunika sawêg dhumawah [dhuma ...]

--- 92 ---

[... wah] ing apês, inggih katampia kalayan panarimahing panggalih, sumendhe dhatêng ingkang Maha Kawasa, bokmanawi ing têmbe sagêd luwar saking duka cipta, ing mangke amung anjênjêmna karsa sampun ngantos kasêsa, sinambi angimpun kêmpaling wadyabala, manawi sampun sagêd ngalêmpak gampil, badhe apêpulih malih saèstu sagêd kalaksanan.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, dipun aturi sêsulang makatên wau, sangêt panarimahipun dhatêng Tumênggung Kudanawarsa, sarta kadhahar badhe kaèstokakên.

Kacariyos, Tuwan Idêlèr ing Samarang, ngaturi uninga sarana sêrat dhatêng Guprênur ing Batawi, miturut palapuranipun pangagênging barisan ing Kuwu, Mayor Sêkèbêr pêjah pêrang wontên ing Kuwu, ing ngriku guprênur lajêng mupakat kalihan para rad, kadospundi malih prayoginipun. Golonging pamanggihipun para rad, Pangeran Adipati Mangkunagara prayogi dipun aturi kondur dhatêng ing Surakarta, punapa dhatêng ing Ngayogyakarta, sarta [sar ...]

--- 93 ---

[... ta] pinanci lênggahipun ingkang nyêkapi. Tuwan Guprênur ugi sampun mupakat, lajêng dhatêng ing Samarang kapanggih kalihan Tuwan Idêlèr, andhawuhakên supados nimbali para bopati ingkang sami pacak baris wontên ing Kuwu, sampun kalampahan sami dhatêng, 1. Radèn Tumênggung Mangkuyuda, 2. Radèn Tumênggung Arungbinang, 3. Radèn Tumênggung Sasradiningrat, 4. Radèn Tumênggung Sujanapura. Tuwan guprênur lajêng andhawuhakên pangandika, rêmbag sumêdya ngaturi sêrat dhatêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, tuwin Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, supados Pangeran Adipati Mangkunagara katimbalan kondur dhatêng ing nagari, kalihan pinanci lênggahipun ingkang cêkap, awit manawi botên makatên saèstu badhe botên têntrêm-têntrêm, ingkang makatên wau para bopati inggih sampun nayogyani, amung Radèn Tumênggung Mangkuyuda matur: Kajawi karsanipun Tuwan Guprênur amrih sakecaning lampah, mugi sampun enggal-enggal ngaturakên sêrat, prayogi kula raosan rumiyin kalihan [ka ...]

--- 94 ---

[... lihan] wayah paduka Ingkang Sinuhun ing Surakarta, nanging botên pasaja bilih paduka ingkang ngutus, namung sêngadi mirêng pawartos bilih paduka badhe ngaturakên sêrat pamrayogi kados ingkang kadhawuhakên wau, awit manawi botên andadosakên kaparêngipun ingkang sinuhun, punika badhe kirang sakeca, dene manawi sakintên wontên wênganing panggalihipun ingkang sinuhun, inggih kalajêngna ngaturakên sêrat wau. Manawi wayah paduka ingkang sinuhun sampun têtela condhong, kula badhe lajêng sowan dhatêng Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara pisan, inggih badhe angêjum saha ngimur-imur murih karsaa kondur dhatêng nagari, jalaran sanadyan wayah paduka ingkang sinuhun sampun amarêngakên, nanging manawi Pangeran Adipati Mangkunagara sampun botên nêdya kondur, inggih badhe botên kalampahan, ewamakatên kula inggih borong karsa paduka mênggah atur kula wau.

Tuwan Guprênu[22]

sarêng midhangêt rêmbagipun Radèn Tumênggung Mangkuyuda, sakalangkung sukaning panggalih,

--- 95 ---

saha mangayubagya, malah kalêrêsan sangêt punapadene para bopati ugi sami anjurungi sarwi wicantên, manawi kalampahan kados rêmbagipun Radèn Tumênggung Mangkuyuda punika bêbasan badhe botên ngaping kalih, lajêng sagêd rampung sadayanipun.

Tuwan guprênur ngandika: Radèn Tumênggung Mangkuyuda, sakathahing pirêmbag kula pracaya ing sampeyan, sagêdipun rampung prakawis punika kalayan wilujêng, dene yèn sampun rampung rêmbag kasaguhan sampeyan, sampeyan lajêng sukaa kabar dhatêng kula wontên ing Samarang, sakniki para bopati padha kula lilani mulih. Aturipun Tumênggung Mangkuyuda sandika, lajêng bidhal wangsul dhatêng ing Kuwu, tumuntên lapur dhatêng Patih Mangkupraja ing saprêlunipun katimbalan tuwan guprênur.

Ing ngriku Radèn Adipati Mangkupraja lajêng golong kalihan Tuwan Dêlèr Yan Hèndrik, tumuntên bidhal lan mantuk dhatêng Surakarta kanthi Radèn Tumênggung Mangkuyuda, dumugi ing Surakarta Tuwan Dêlèr Yan Hèndrik kalihan Patih Mangkupraja tuwin Radèn Tumênggung Mangkuyuda, marak ing

--- 96 ---

ngarsa dalêm ingkang sinuhun, matur mirêng pawartos bilih tuwan guprênur badhe ngaturakên sêrat suraos mrayogèkakên raka dalêm Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara katimbalan kondur dhatêng ing Surakarta, punapa ing Ngayogyakarta, saha kaparingana panci lênggah siti ing sacêkapipun. Ing ngriku andadosakên rênaning panggalih dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, pancèn sampun kagalih bilih ingkang raka badhe kaaturan kondur piyambak, supados momong dhatêng Ingkang Sinuhun wontên ing Surakarta kemawon, sasampunipun makatên lajêng sami kalilan mundur bibaran.

Patih Mangkupraja lajêng parentah dhatêng Radèn Tumênggung Mangkuyuda, supados anindakakên kados ingkang sampun karantam. Radèn Tumênggung Mangkuyuda enggal mangkat dhatêng ing dhusun Lawang badhe kapanggih kalihan Pangeran Adipati Mangkunagara. Wontên ing margi botên kacariyon,[23] sasampunipun kapanggih lajêng satata lênggah sarta bage-binage. Radèn Tumênggung Mangkuyuda matur: Bandara, pisowan kula punika mugi

--- 97 ---

sampun andadosakên kalintuning panarka, lugu amung sowan martuwi ing kasugêngan paduka.

Pangeran Adipati Mangkunagara mangsuli pangandika: Inggih paman sakalangkung ing panarimah kula, dene paman kusung-kusung marlokakên martuwi dhatêng kula ingkang sawêg kasarakat. Radèn Tumênggung Mangkuyuda matur malih: O, bandara, inggih labêt saking punika anggèn kula sowan tuwi dhatêng ngarsa paduka, awit kula rumaos karaos-raos nyumêrêpi kawontênaning lêlampahan paduka, mila anjawi kaparênging karsa paduka, supados sampun tansah kados makatên kemawon, manawi kaparêng punapa botên langkung prayogi saupami panjênênganipun bandara kondur dhumatêng ing Surakarta, utawi Ngayogyakarta. Inggih sampun mawi anggalih pakèwêd, saèstunipun ingkang rayi sinuhun kangjêng susuhunan tuwin ingkang rama kangjêng sultan badhe botên suminggah, kapara bokmanawi malah andadosakên suka pirênaning panggalih, jalaran sami rumaos kuwajiban.

--- 98 ---

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, midhangêt atur pamrayogi wau ing galih anglêrêsakên, lajêng angandika: Paman, mênggah pamanggih sampeyan ingkang sampun kula mirêngakên, punika tumrapipun ing awak kula pancèn pikantuk, nanging kadospundi paman, sarèhning wawêngkon kula batih kathahipun samantên, saupami kula kalampahan mantuk dhatêng nagari, saèstu kêdah gadhah pêpancèning têdha sarta griya ingkang nyêkapi kangge sakukuban kula punika, amung manawi kula sumêdya mantuk inggih kêdah dhatêng ing Surakarta, rumêksa kaprabonipun yayi prabu.

Radèn Tumênggung Mangkuyuda matur nyuwun sasêrêpan: Kadospundi bandara dene karsa paduka têka milih dhatêng ing Surakarta.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara mangsuli: O, paman, sampun botên susah kula pratelakakên ing sapunika, têmtunipun kathah sangêt sababipun ingkang anjalari kula botên sagêd suwita dhatêng rama prabu ing Ngayogyakarta.

--- 99 ---

Radèn Tumênggung Mangkuyuda matur: Bilih makatên inggih langkang[24] prayogi kondur dhatêng ing Surakarta kemawon, ingkang rayi sinuhun saèstu anggalih badhe pêpancining dhahar paduka ingkang anyêkapi, wondene bab dalêm prayogi ngagêm griyanipun pun paman kemawon rumiyin, inggih punika tilas kapatihan, kados-kados anyêkapi kangge saabdi saha garwa putra sadaya, dene pun paman trimah mikawon manggèn wontên ing griya lami kemawon.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara ngandika malih: Yèn dhasar kados makatên kajêngipun paman, kula inggih sampun anyondhongi. Ing ngriku Radèn Tumênggung Mangkuyuda lajêng walèh: Sayêktosipun prakawis punika ingkang kagungan karsa tuwan guprênur, sarta sampun rujuk kalihan karsanipun ingkang rayi sang prabu ing Surakarta, ing mangke manawi kaparêng kangjêng pangeran prayogi kula aturi pindhah masanggrahan dhatêng ing dhusun Gumantar malih ngiras angêntosana utusanipun rayi paduka ingkang sinuhun, namung kula

--- 100 ---

atur piwêling sakêdhik, samăngsa utusanipun ingkang rayi sinuhun dhatêng anantun paduka, paduka amangsulana nyuwun griya ing kapatihan, dalah sawêwêngkonipun pakampungan sadaya, punapadene pêpancèn lênggah ingkang nyêkapi kadosdene karsa paduka wau. Kangjêng pangeran inggih sampun miturut, sarêng sampun rampung saprêlunipun, Radèn Tumênggung Mangkuyuda lajêng nyuwun pamit sampun kalilan, nuntên mangkat dhatêng ing Samarang sumêdya sowan ngaturi uninga ing tuwan guprênur. Sapêngkêripun Radèn Adipati Mangkuyuda, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara tumuntên dhawuh bidhal wangsul dhatêng ing Gumantar malih.

Kacariyos, Radèn Tumênggung Mangkuyuda, sadumuginipun ing Samarang lajêng sowan tuwan guprênur, angaturakên anggènipun kautus dhatêng ing dhusun Lawang kapanggih kalihan Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, tuwin kala sowan sang prabu ing Surakarta, purwa madya dumugi wasana sampun katur sadaya, sarta samangke sampun rampung, salajêngipun Radèn Tumênggung Mangkuyuda nyuwun dhawuhipun tuwan guprênur, awit sampun botên wontên [wo ...]

--- 101 ---

[... ntên] pakèwêdipun malih, mila sêrat ingkang badhe katur ing Sang Prabu Surakarta prayogi tumuntên kalampahakên. Tuwan guprênur dahat trusthaning panggalih mirêng aturipun Radèn Tumênggung Mangkuyuda makatên wau, lajêng ngandika suka tarima kasih kathah-kathah dhatêng Radèn Tumênggung Mangkuyuda, sarta ing batos angalêmbana ing kawicaksananipun Radèn Tumênggung Mangkuyuda, anggènipun sagêd damêl pirakêting ngarênggang, wasana lajêng ngunandika: Radèn Tumênggung Mangkuyuda iki pantêse anggêntènana wong tuwane dadi patihe ingkang sinuhun, kaya bakal dadi bêcike, amarga katitik saka lantipe sarta patitis wicarane.

Sarampunging pêrlu, Radèn Tumênggung Mangkuyuda kalilan wangsul dhatêng ing pabarisan malih, tuwan guprênur lajêng damêl sêrat kêkalih, satunggal badhe katur Sang Prabu ing Surakarta, satunggalipun katur Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, dene suraosipun sami kados ingkang sampun karêmbag ing ngajêng, enggalipun sêrat sampun kalampahan katur ing sang prabu sakalihan, sarêng sampun kapariksa Ingkang Sinuhun ing Surakarta [Sura ...]

--- 102 ---

[... karta] lajêng paring wangsulan sêrat, suraos punapa pamrayoginipun tuwan guprênur, sang prabu badhe mituruti kalihan suka pirênaning panggalih, amung konduripun ingkang raka Pangeran Adipati Mangkunagara supados anjujuga dhatêng ing Surakarta, sarta lajêng amomonga sariranipun ingkang sinuhun. Dene sêrat ingkang katur dhatêng Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta ugi sampun kawangsulan kawrat ing sêrat, suraos paring tarima kasih sarta andongakakên sêdyanipun tuwan guprênur punika sagêda kasêmbadan. Botên antawis lami tuwan guprênur ngaturakên sêrat malih katur Sang Prabu ing Surakarta, supados ingkang raka Pangeran Adipati Mangkunagara tumuntên katimbalan.

Kacariyos, nalika Pangeran Adipati Mangkunagara, pacak baris wontên ing tanah Sokawati, kadhatêngan utusanipun Ingkang Sinuhun ing Surakarta, ingkang kautus: 1. Nyai Tumênggung Sêtyawati, 2. Kyai Tumênggung Rajaniti, 3. Radèn Tumênggung Mangunagara,

--- 103 ---

maringakên nawala ijêman sêrat. Suraosipun:

Sasampunipun taklim kula kakang mas Pangeran Adipati Mangkunagara dhumatêng sampeyan.

Wiyosipun, satampining sêrat kula punika kakang mas kula aturi kondur dhatêng ing Surakarta, salajêngipun amomonga sarira kula, amargi anggèn kula jumanêng[25]

nata rumaos kijenan têmah kontit, jalaran rama Pangeran Mangkubumi samangke sampun jumênêng sultan wontên ing Ngayogyakarta, dados botên wontên malih ingkang prayogi momong sarira kula kajawi panjênênganipun kakang mas. Manawi kakang mas sampun karsa pinanggih kalihan kula, punapa ingkang kakarsakakên kula badhe mituruti, punapa malih bab siti ing Mataram, sarta ing dhusun Sala ingkang sampun wontên ngastanipun kakang mas inggih kula lulusakên dados kagunganipun kakang mas.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, sarêng sampun maos sêrat ingkang saking Sang Prabu ing Surakarta makatên wau, sanalika lilih panggalihipun, tumuntên ngandika dhatêng ingkang kautus, [kau ...]

--- 104 ---

[... tus,] têmbungipun: Nyai Sêtyawati, paman Rajaniti tuwin paman Mangunagara, sampeyan munjuka ingkang sinuhun, paring dalêm nawala sampun kula tampèni, atur wangsulan kula sampun kawrat adhi mas Pangeran Mangkudiningrat ingkang badhe kula purih sowan yayi prabu ing Surakarta,[26] mangke kajêngipun sarêng kalihan lampah jêngandika, makatên malih atur kula, punapa ingkang dados karsanipun sang prabu ugi lajêng kadhawuhna dhatêng adhi mas Mangkudiningrat.

Nyai Sêtyawati sakancanipun sampun têrang dhawuh wangsulanipun Pangeran Adipati Mangkunagara wau, lajêng nyuwun pamit sampun kalilan, nuntên bidhal saking Sokawati sarêng kalihan Pangeran Mangkudiningrat. Sadumuginipun ing Surakarta lajêng marak ing ngarsa dalêm ingkang sinuhun, sarwi ngirid Pangeran Mangkudiningrat. Nyai Sêtyawati munjuk saliring kautus. Ingkang sinuhun lajêng andangu dhatêng Pangeran Mangkudiningrat: Bab ingkang dados panyuwunipun kakang mas Mangkunagara punapa.

--- 105 ---

Pangeran Mangkudiningrat matur: Panyuwunipun raka dalêm kangmas Pangeran Adipati Mangkunagara makatên.

1. Nyuwun lêstantun sêsêbutanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara kados ingkang rama swargi.

2. Nyuwun siti ingkang sampun kaidak sadaya, dadosa lênggahipun.

3. Nyuwun griya kapatihan Sindurêjan, dalah sapakampungan tuwin capurinipun sadaya. Amung punika aturipun.

Enggaling dhawuhipun sang prabu, sadaya wau ugi sampun marêngakên, lajêng utusan andhawuhakên ingkang raka Pangeran Adipati Mangkunagara benjing ing dintên Kêmis Paing tanggal kaping 4 wulan Jumadilakir taun Jimakir jam 5 sontên katimbalan kondur dhatêng nagari Surakarta.

Samantên, Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng tata-tata badhe kondur dhatêng nagari, sarêng sampun mirantos sadaya ing dintên wanci ingkang sampun kadhawuhakên, tumuntên bidhal saking

--- 106 ---

Sokawati, kêbut sakukubanipun sadaya. Ingkang sinuhun kanthi Tuwan Oprup Habrêm mêthuk ingkang raka. Sarêng dumugi ing dhusun Tunggon, kapêthuk ingkang raka, nuntên sami kèndêl bage-binage kawilujêngan, lajêng wangsul bidhal dhatêng ing Surakarta, jam 5 sontên dumugi ing kadhaton, Pangeran Adipati Mangkunagara sagarwa putra sadaya kakarsakakên andhèrèk malêbêt ing kadhaton, dene para punggawa tuwin para abdinipun sami kadhawuhan lajêng dhatêng ing dalêm Mangkuyudan. Sarêng ingkang sinuhun sampun rawuh ing kadhaton lajêng sami tata lênggah, sarta lajêng lumados sêgah sinambi pangandikan kalihan ingkang raka Pangeran Adipati Mangkunagara. Ingkang sinuhun andangu dhatêng ingkang raka, pangandikanipun: Sampun pintên taun anggènipun kakang mas dêdalêm wontên ing wana.

Atur wangsulanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunaga:[27]

Nuwun, wiwit kula mêdal saking nagari nalika umur 17 taun, samangke kula sampun umur 32 taun, dados [dado ...]

--- 107 ---

[... s] kapetang sapriki anggèn kula dados tiyang wanan, sampun wontên 15 taun. Ingkang sinuhun mèsêm, tuwin ingkang sami mirêngakên ugi sami mèsêm, sarwi tumungkul. Ing batos ngalêm landhêping panggalihipun Pangeran Adipati Mangkunagara, dene patitis wangsulanipun.

Ingkang sinuhun andangu malih: Kangmas putranipun sadaya sapunika sampun pintên. Wangsulanipun ingkang raka: Bilih saking rayi paduka adhiajêng ratu bêndara dèrèng wontên, amung saking rencang sadaya pitu, ingkang èstri tiga, ingkang jalêr sakawan.

Pangandikanipun ingkang sinuhun: Inggih sampun dumugi sangêt, salêbêtipun gangsal wêlas taun pêputra pitu. Ing ngriku sarêng sampun dumugi anggènipun sami ngandikan, ingkang raka Pangeran Adipati Mangkunagara sagarwa putranipun sadaya, sampun kalilan kondur ing dalêm Mangkuyudan[28]

sarawuhipun ing dalêm Mangkuyudan lajêng [la ...]

--- 108 ---

[... jêng] lumêbêt ing dalêm, amarêngi ing dintên malêm Jumuwah Pon tanggal kaping 5 wulan Jumadilakir taun Jimakir, windu Adi, sinêngkalan panêmbahing dipăngga angoyak jagad = 1682.

--- [109] ---

 


Ajisaka. (kembali)
santananipun. (kembali)
brahmana. (kembali)
Duga. (kembali)
Wisnu. (kembali)
wontênipun. (kembali)
Andhatêngakên. (kembali)
Watugunung. (kembali)
Ki. (kembali)
10 nglumpati. (kembali)
11 ingkang. (kembali)
12 abdinipun. (kembali)
13 papanggungan. (kembali)
14 Matawis. (kembali)
15 sang. (kembali)
16 anyondhongi. (kembali)
17 sinuhun. (kembali)
18 wau. (kembali)
19 baris. (kembali)
20 sacêlaking. (kembali)
21 sarêng. (kembali)
22 Guprênur. (kembali)
23 kacariyos. (kembali)
24 langkung. (kembali)
25 jumênêng. (kembali)
26 § Sampun winêling kang fêrlu-fêrlu. (kembali)
27 Mangkunagara. (kembali)
28 § Dalêm Mangkuyudan punika inggih Mangkunagaran sapunika. (kembali)