Punika Pêthikan Sêrat Jawi, Kats, 1953, #1304 (Hlm. 109–192)

Judul
Sambungan
1. Punika Pêthikan Sêrat Jawi, Kats, 1953, #1304 (Hlm. 001–108). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Punika Pêthikan Sêrat Jawi, Kats, 1953, #1304 (Hlm. 109–192). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Punika Pêthikan Sêrat Jawi, Kats, 1953, #1304 (Hlm. 193–320). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 20-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Pawicantênan Jawi, Ingkang Nganggit Tuwan Karêl Fèdrik Wintêr

--- [110] ---

--- 111 ---

I.

Apa kowe sumurup mungguh laku-lakune wong among tani.

Kêdhik-kêdhik inggih sumêrêp.

Mungguh panggonan utawa lêmah kang ditanduri iku warna pira.

Punika kathah warninipun.

Mara aranana siji-sijine.

Sasumêrêp kula: 1. sabin, 2. pagagèn, 3. patêgilan, 4. paèstrèn, 5. pakêbonan, 6. pagajih, 7. karang kopèk, 8. pakarangan, 9. babadan, 10. talun, 11. babêran.

Kapriye mungguh beda-bedane kang kokarani iku kabèh.

Sabin makatên, ingkang katanêman pantun, amawi galêngan, kailenan ing toya, utawi kadhawahan ing toya jawah.

Sawah iku warna pira.

Sabin punika warni kalih: 1. sorotan, 2, tadhahan. Ingkang sorotan ing măngsa katiga kailenan ing toya saking

--- 112 ---

bêndungan, panyabinipun nama gadhu, nama sabin walikan, sawarnining sabin ingkang angsal toya saking bêndungan, anama sabin sorotan, kenging kawastanan sabin gadhu walikan, têgêsipun katanêman ing măngsa katiga akalihan rêndhêng, ingkang nama tadhahan, kengingipun katanêman pantun namung ing măngsa rêndhêng, kadhawahan ing toya jawah, dados namung sapisan sataun.

Pagagan iku sing êndi.

Tiyang nanêm pantun angajêngakên măngsa rêndhêng namanipun pantun gagi, pundi ingkang katanêman nama pagagèn.

Patêgalan iku sing êndi.

Patêgilan makatên ingkang dipun tanêmi krowodan, pala kapêndhêm, pala kasimpar, tanêm tuwuh.

Krowodan, pala kêpêndhêm, pala kasimpar, lan tanêm tuwuh iku apa.

Ingkang nama krowodan punika, kados ta: gudhe, kacang sapanunggilanipun. Ingkang nama pala kêpêndhêm kacang cina, kênthang, katela, panunggilanipun [pa ...]

--- 113 ---

[... nunggilanipun] pala kapêndhêm, uwi gêmbili, kimpul, talês, linjik, suwêg, ananging botên katanêm wontên ing têgil. Ingkang nama pala kasimpar, sêmăngka, timun sapanunggilanipun. Ingkang nama tanêm tuwuh, jagung, kapas, sapanunggilanipun.

Paèstrèn iku sing êndi.

Ingkang kawastanan paèstrèn punika, patêgilan ingkang wontên sapinggiring pomahan cakêt, katanêman krowodan, kados patêgilan wau.

Pakêbonan iku sing êndi.

Ingkang kawastanan pakêbonan makatên sawingkinging griya, utawi sakiwa têngêning griya, katanêman pala kapêndhêm, ingkang pancèn botên katanêm ing patêgilan wau, sarta katanêman pala gumantung, tuwin karang kirna.

Pala gumantung lan karang kirna iku wowohan apa.

Ingkang nama pala gumantung punika, uwit-uwitan ingkang botên lami umuripun, kados ta: pisang, katès, sapanunggilanipun. Ingkang nama [na ...]

--- 114 ---

[... ma] karang, kalapa, ingkang nama kirna uwit-uwitan ingkang lami umuripun, kados ta: pêlêm, năngka, kuwèni sapanunggilanipun.

Kang aran pagajih iku sing êndi.

Pagajih makatên panggenan sapinggiring lèpèn, kengingipun katanêman yèn katiga, amargi yèn rêndhêng dados lèpèn, ingkang katanêm kados ingkang katanêm wontên patêgilan wau, krowodan ingkang katanêm wontên ing papèrèng, siti botên kawical ing cacah ngajêng inggih nama pagajih.

Kang aran karang kopèk iku lêmah apa.

Siti ingkang botên gadhah sabin, punika nama karang kopèk. Ingkang wontên namung patêgilan, pagagèn, paèstrèn, pakêbonan.

Pakarangan iku sing êndi.

Ingkang nama pakarangan punika. Pakêbonan ingkang namung katanêman kalapa kemawon.

Babadan iku sing êndi.

Punika siti tanah parêdèn, dipun babadi kêkajênganipun, [kê ...]

--- 115 ---

[... kajênganipun,] lajêng kabêsmi, katanêman pantun, ing măngsa wiwiting rêndhêng, pantunipun nama gagi, yèn pantun ingkang katanêm wontên ing babadan, utawi pagagèn, sasampuning kawatun, kasêlanan krowodan, utawi pala kasimpar, lêbaring pantun panggenan wau nama talun.

Babêran iku sing êndi.

Sabin utawi patêgilan, ingkang wau nate dipun tanêmi, awusana botên, amargi wontên sababipun. Têrkadhang tiyangipun kesah, utawi kakirangan isarat, tuwin dados prakawis.

Kapriye pratingkahe wong nênandur.

Manawi sabin sorotan, wiwitipun kailèn ing toya, yèn sampun kalih dintên, utawi tigang dintên, lajêng dipun idêri.

Apa têgêse diidêri iku.

Ing pinggir kaubêngan dipun walujêng antawis tigang singkal, kaantawisakên pêndhak dintên, lajêng kajangêt.

Apa têgêse dijangêt.

--- 116 ---

Ing têngah kawalujêng sasingkal, lajêng kawalujêng sadaya, kakèndêlakên sapêkên utawi pêndhak dintên tumuntên dipun rambahi.

Dirambahi iku kapriye.

Kagaru sapisan, antawis sapêkên kalawêd, têgêsipun kawalujêng malih, antawis sapêkên anglèr.

Apa têgêse anglèr.

Têgêsipun kagaru ngantos dados lêlahan, ingkang pancèn pawijèn dipun uriti, utawi dipun sêbari.

Diuriti lan disêbari iku kapriye.

Dipun uriti makatên: lêlahan wau dipun dhawahi wiji pantun ingkang taksih wawulèn, yèn lêlahan kadhawahan wiji pantun sampun dados gabah anama dipun sêbari.

Wiji pari mau apa ora nganggo didaut.

Mawi, mênggah pandauting wiji wau, manawi pantun genjah, sêlapan dintên, utawi kalih têngah wulan, yèn pantun lêbêt ngantos tigang wulan, sasampuning kadaut, lajêng kabêntelan.

--- 117 ---

Dibêntèli iku dikapakake.

Dipun bêntèli makatên, wiji ingkang kadaut wau katangsulan ngalih-ngalih têkêm, ingkang kadamêl tangsul, sada kairat.

Bêbasaning wong among tani, dibanjari iku kapriye.

Dipun banjari mêkatên, wiji ingkang kabêntelan wau kawradinakên wontên ing lêlahan, ingkang badhe katanêman, kanintên[1] awisipun cêkaping wiji sabêntèl-bêntèlipun.

Sawise dibanjari kapriye.

Lajêng katanêm. Antawis satêngah wulan wiji wau nama nglilir. Antawis satêngah wulan malih nama gumundha lêmara, satêngah wulan malih gêmadhung, satêngah wulan malih mêtêng mapak. Satêngah wulan malih sêmrobot utawi mêrkatak. Antawis sapêkên sasampuning mêrkatak, wontên ingkang mlêncuti, wontên ingkang kêmêmping, antawis sadasa dalu malih panèn, punika yèn pantun genjah.

Mungguh pratingkahe nandur pari jêro kapriye.

--- 118 ---

Pratingkahipun ananêm pantun lêbêt botên sanès akalihan ingkang sampun kula aturakên walu,[2] panènipun gangsal wulan utawi nêm wulan.

Sawise kaêni, kang padha ani-ani diwènèhi apa.

Ingkang ani-ani kasukanan pantun, anama bawon.

Pira kèhe bawone.

Mênggah kathah kêdhiking bawon wau, agadhah cara piyambak-piyambak, wontên ingkang para tigan utawi para sakawanan saking angsalipun ani-ani sadintên.

Sawise diêni parine mau banjur dikapakake.

Lajêng kabêlahan, tangsulipun janur, anuntên kabêkta mantuk, kaêpe sagaringipun.

Mungguh wanguning pangêpe jarene ana arane.

Inggih wontên. Wontên ingkang nama dipun ayar. Wontên nama cèlèng mongok,

--- 119 ---

dhapur mêrak kasimpir, wontên trap sirap, wontên untingan.

Sawise garing nuli kapriye.

Sasampuning garing lajêng kauthutan, uthut-uthutanipun wontên ingkang mastani lamèn.

Pari mau sawise rêsik, banjur dikapakake.

Sasampuning pantun wau rêsik, lajêng kabêlahan malih, ingkang kadamêl tangsul, rosan. Anuntên kaunggahakên.

Iku diunggahake mênyang ngêndi.

Dipun inggahakên makatên, kasinggahakên ing lumbung.

Apa nyata, pari kang diunggahake mênyang lumbung nganggo disajèni.

Inggih yêktos, lumbung wau mawi kasukanan isarat, panggenan ingkang badhe katindhihan pantun, kadèkèkan godhong pisang kalih papah, godhong kêluwih kalih lêmbar, bendha sajodho, kêmiri jêndhul sajodho. Sasampuning pantun wau minggah ing lumbung, nginggiling pantun kasukanan dilah, kasajenan sêdhah ayu, [a ...]

--- 120 ---

[... yu,] pisang ayu, sêkar, konyoh, mênyan madu, utawi mawi jênang, akalihan têtêl.

Sajèn mau apa ora dijupuk-jupuk saka ing lumbung.

Manawi sampun sapêkên, sajèn wau kapêndhêtan, yèn saking inggahing pantun wau sampun jangkêp kawandasa dintên, ingkang gadhah pantun lajêng sidhêkah mamule, ujubipun ingkang mamule, Bok Sri Sadana, akalihan Gusti Panutan. Sasampuning mamule, pantun wau karêsikan anama jakat, dhatêng kaum saamêtipun sagèdhèng, ingkang botên anêtêpi jakat, anama sunat, anyukani dhatêng kaum sakadar lilanipun.

Wong bakal ani-ani, jarene iya nganggo sajèn.

Inggih, sadèrèngipun ani-ani, pantun mawi kaisaratan kapêthik sakêdhik. Antawis salawe uli, lajêng kasimpên wontên ing lumbung, pangêninipun mawi amilih dintên ingkang prayogi, mawi sajèn tuwin isarat, ingkang kakêpang sêkul liwêt, lawuhipun kuluban sambêl gêpèng,

--- 121 ---

gêrèh pèthèk, sarta mawi lantingan isi toya kêbak. Ingkang utami mawi sêkul golong kalih jodho, pêcêl ayam jangan mênir, wondening sajènipun inggih kados ingkang sampun kula aturakên wau.

Kapriye mungguh laku-lakune pangrêsayaning têtanèn.

Tiyang nyambat malujêng mawi olah-olahan, blêgudhêg, utawi rowa ing suwatawis. Sasampuning bibar malujêng, tiyang sasambatanipun wau kaingonan. Punika dados caraning dhusun gagêntosan. Manawi kudur dhatêng tatiyang alit rerehanipun piyambak, dipun gilirakên ngalih dintên utawi nigang dintên. Yèn nyambat tanêm dhatêng tiyang èstri, sabibaripun tanêm tiyang satunggil kasukanan sêkul golong satunggil, ulam gêrèh sambêl gêpèng. Utawi janganan, mawi yatra sagobang utawi saprapat, tiyang satunggilipun. Bilih pantun sabin sami sarêng sêpuhipun măngka sabinipun wiyar-wiyar, ragi wontên awisipun ing tiyang, kados tanah ing Sokawati, kêsêsanipun ingkang mêndhêt,

--- 122 ---

manawi kasêlak lèsèh, punika kasambatakên tiyang dêrêp. Tiyang satunggil kasukanan sêkul sapênak, ulam suwatawis. Anggènipun ambawoni kapara ênêm, ingkang darbe gangsal panduman, ingkang dêrêp sapanduman, yèn ingkang kalampah limrah botên ngantos lèsèh, sabin dawêg, tiyang kathah, kados tanah ing Pajang, botên mawi kasambatakên, ingkang dêrêp sami dhatêng piyambak, bawonipun inggih mara nêm.

Sing diarani wong rena, iku apa.

Ingkang dipun wastani tiyang rena punika tiyang ani-ani, lajêng ambruk, botên mantuk yèn dèrèng bibar panèn, tiyang makatên punika, manawi ing tanah wetan, dipun wastani tiyang kurung, ing tanah kilèn amastani tiyang rena.

Kapriye carane wong nyambat ambêndung kali.

Ingkang gadhah bêndungan mawi aparentah andhatêngakên sawarnining tatiyang, ingkang sabinipun kailèn ing toya saking ing bêndungan wau, manawi botên têngadur sangêt, amasthi sami dhatêng ambêkta

--- 123 ---

dami utawi sangkrah, pacul, arit, sarta dêling, ingkang gadhah bêndungan ambêkta galugu, utawi kajêng agêng, kadamêl pathok.

Mungguh panggawening wangan. Apa iya rarukunan mangkono.

Mênggah pandamêling wangan, inggih gaguyuban rarukunan ing kathah, sawarninipun tiyang ingkang sabinipun kailenan ing toya saking wangan, ingkih[3] sami tumandang ing damêl.

Sing diarani lurah pamulu banyu iku apa.

Punika sasêbutanipun tatiyang ingkang sami kailèn ing toya dhumatêng ingkang gadhah bêndungan.

Wong kang padha kailèn ing banyu mau, apa nganggo anguwèhi sarat marang lurah pamulu banyu.

Mawi, isaratipun ing dalêm satalun bilik-bilik wiyar ciyuting sabin. Wontên ingkang nêm sêka, wontên ingkang tigang reyal, wontên ingkang ngawan reyal, têrkadhang warni pantun, saamêt utawi kalih amêt ing dalêm sataun.

--- 124 ---

Mungguh mêmatun, ambubuti utawa amangkili sukêt ing pagagan, apa nganggo dikudurake.

Inggih mawi, caranipun kados tiyang nyambat malujêng wau, bab matun wau têrkadhang amung kakudurakên kemawon dhatêng tatiyang alit, inggih mawi kaingonan ing suwatawis, pandhangiripun patêgilan jagung, manawi wiyar, inggih kakudurakên. Lampahipun kados ingkang sampun kula aturakên wau.

--- [125] ---

Sêrat Cariyos Kêkesahan Saking Tanah Jawi Dhatêng Nagari Walandi

Kaanggit dening Radèn Mas Arya Suryasuparta.

--- [126] ---

…

--- 127 ---

Bab kaping sakawan.

Salêbêtipun pun Wilis ngambah sagantên abrit, kula waspadakakên toyanipun ing ngriku, inggih pancèn wontên bedanipun, saking sawangan kula toyanipun kirang bêning, kala-kala ngantos katingal rêgêd, sakiwa têngêning baita asring katingal kados wontên blumbangipun wiyar, ingkang toyanipun ulês jêne rêgêd, bokmanawi inggih toya punika ingkang kalamăngsa sagêd katingal abrit, ngantos sagêd andadosakên karanipun sagantên abrit.

Pun Wilis nilar pulo Perim lêngja[4] wiwit ngambah sagantên ingkang măngka watêsipun sagantên Adhèn kalihan sagantên Abrit, inggih punika kawastanan ing têmbung Arab: bab Èlmandhèb (gapuraning luh) sasampunipun katarajang, ing ngriku lajêng ngambah sagantên Abrit.

Saicalipun pulo Perim saking pandulu, ingkang katingal kantun langit kalihan toya malih, enjingipun ngantos sadintên muput, lêstantun makatên, [ma ...]

--- 128 ---

[... katên,] dintên ingkang kaping kalih makatên ugi, nanging sarêng dintên ăngka katiga, ing keblat lèr katingal wontên dharatan anjalirit, inggih punika pasisiring tanah Arab ingkang sisih kidul. Saupami lampahipun pun Wilis radi sawatawis mangalèr, kacariyos, kitha Jedah, kitha palabuhanipun tanah Mêkah tuwin Mêdinah, sagêd katingal griya-griyanipun. Manawi wêktu dalu inggih sagêd katingal dilah-dilahipun. Sarèhning pun Wilis lampahipun botên mêdal ing pinggir, bokmanawi saking ambujêng enggaling lampah, dados sadintên muput tanah Ngarab inggih lêstantun namung katingal sajalirit, panggêng botên mindhak wiyar botên mêndhak[5] panjang.

Salêbêtipun ngambah sagantên Abrit, pun Wilis simpang-simpangan kalihan baita langkung saking gangsal, nglancangi baita watawis wontên saking kaping sadasa, dipun lancangi namung sapisan, dados yêktos manawi lampahipun pun Wilis pancèn rikat. Baita-baita ingkang dipun lancangi lampahipun dening pun Wilis, utawi ingkang kapêthuk [kapê ...]

--- 129 ---

[... thuk] wontên ing margi, saking têbihing pêrnahipun, asring botên katingal banderanipun, nanging manawi kalêrêsan sagêd cêlak, inggih ngantos sagêd maspadakakên gatra-gatraning satunggil-tunggilipun tiyang utawi barang. Manawi ing wêktu dalu, têbiha, cêlaka, kenging kawastanan botên wontên prabedanipun, jêr ingkang katingal namung dilah-dilahipun, măngka têbih-cêlaking antawis botên ngewahi dhatêng mompyor abyoring dilah-dilah wau.

Saya mangalèr saking sipat garis kêndhiting jagad, rainanipun saya dangu, jam gangsal enjing sampun pajar, andungkap jam pitu sontên srêngenge sawêg surup, kajawi punika saya cêlak kalihan laladan tanah Mêsir (Egiptê), saya sae sulak-sulaking langit ing wanci sontên, ing wêktu angsluping srêngenge dhatêng keblat kilèn, ingkang awit bêntèring sagantên Wêdhi ing buwana Aprikah, ingkang prênahipun kalêrês wontên sakilènipun nagari Mêsir, kados gadhah daya ingkang sagêd anuwuhakên ulês warni-warni dhatêng sawiyaring [sa ...]

--- 130 ---

[... wiyaring] langit ing prênah surupipun hyang pradănggapati.

Kirang lampahan sadintên dumugi ing laladan Mêsir, ulêsing awiyat ing keblat kilèn, ing wêktu badhe angslupipun hyang bagaskara dhatêng imbang pracima, sakalangkung dening endah. Wiwit hyang aruna gumlewang dhatêng kikising wiyati, ing lêrês prênahipun sagantên Wêdhi ingkang karan saarah, langit sakeblat kilèn katingal sumêblak ulês jêne, sumunar kados kancana sinangling, sasuruping arka sunar pita wau saking sakêdhik lajêng malih santun warni rêkta, sumilak malerah kados wahananing sorot pawaka, ingkang murub makantar-kantar, nêdya nyundhul luhuring ngantariksa, botên antawis dangu, bêbasan sakêdhap netra, ulêsing keblat kilèn wau sampun santun warni, saindênging pracima kados jinerengan ing cahya sap-sapan tundha-tundha, sap ing ngandhap piyambak ulêsipun abrit sawo matêng, minggah sakêdhik dados papasan matêng, minggah malih abrit dalima, lajêng jingga, jambon, nyandhak kapurănta, minggah malih saking sakêdhik [sakê ...]

--- 131 ---

[... dhik] lajêng malih dados jêne sêpuh ngunir bosok, minggah-minggah saya tipis ngantos dados jêne nèm, anjanur kuning wusana dumugi têngah-têngahing madyantara lajêng dados biru nèm carub wor kalihan ulês biru ing akasa. Saking jêdhêg[6] kula ngupados tatêmbungan botên sagêd angsal, sontan-santuning ulês ing ngawiyat wau kula têmbungakên sap-sapan, salêrêsipun pancèn kêdah botên kenging katêmbungakên makatên, amargi malikipun satunggil-tunggiling ulês dhatêng ulês sanès botên nyêklèk, nanging saking sakêdhik, dados carubing ulês wau prasasat mili têtêmpuran, mila manawi katêmbungakên sap-sapan, tundha sungsun utawi tumpuk-tumpuk, lêrêsipun inggih botên kenging jêr pilah-pilahing ulês pancèn botên kenging kawatês-watês, warni-warnining ulês-ulês wau, rupinipun botên kados padatan ingkang sampun kula sumêrêpi, sadaya sunaripun gumilang-gilang, kimpling-kimpling kados bêninging toya, mila inggih kula têmbungakên cahya, mênggah lêlangêning langit ing tanah Jawi ingkang sagêd damêl [da ...]

--- 132 ---

[... mêl] ascaryaning manah, punika ulêsing ima ingkang kenging gêbaging sorot diwangkara ing wêktu bangun raina utawi surup surya, dene ingkang kula sumêrêpi samangke punika, sanès ulêsing ima, nanging ulêsing akasa, ingkang kapulas măncawarni dening dayaning hawa, wahananing sumupipun bêntèring samudra pasir, mila lêrês kemawon kula rumaos akatêmbèn sumêrêp sêsawangan punika. Sadanguning lêlampah wontên ing Samodra Rêkta, wiwit enjing dumugi sadintên muput, ngantos pêndhak enjing malih, kajawi ing akasa botên wontên mega katingal, langkung malih mêndhung babarpisan botên wontên, mila tanah sakiwa têngêning samodra ing ngriku sitinipun inggih sakalangkung cêngkar, dening sêpêning warsa. Manawi ing ngriku salêbêtipun sataun wontên jawah kaping tiga, punika têtiyangipun siti kacariyos sampun rumaos manggih bêkja. Nglajêngakên cariyos kula bab langêning langit, bêbasan nginanga durung abang, warni-warnining ulês ing akasa sampun malih santun rupi malih, sauruting keblat kilèn samangke malerah [ma ...]

--- 133 ---

[... lerah] abrit kados kasulakan soroting giri dahana, namung kaot dene pêcahing sorot botên saking ancêr satunggal, nanging taksih satata sap-sapan kados ingkang kacariyos ing nginggil, sap-sapan wau saya minggah-minggah, saking ulês sêpuh, saking sakêdhik rumamyang saya ênèm, wiwit abrit ingkang kados ludira matêng, minggah-minggah kandêling abrit saya tipis, ngantos salin malik dados jêne, sakawit jêne kados prada binabar, dangu-dangu dados jêne maya-maya, ingkang dumugi têngah-têngahing madyantara tumuntên tumêmpur dhatêng ulês biru ing akasa, ingkang ambalabar mangêlèbi saindênging keblat purwa, untara lan duksina. Dèrèng tuwuk anggèn kula nyawang lêlangêning pracima, warni-warnining ulês sampun malih rupi malih, ulês ingkang wontên ngandhap piyambak abritipun saya sêpuh, mèh andungkap dhatêng kêthèl, cacahing sap-sapan suda kathahipun, ulês abrit wau samangke lajêng bêbasan tanpa mawi antan-antan, tumêmpur dhatêng ulês jêne sêpuh, jêne sêpuh wêkasan tumêmpur

--- 134 ---

dhatêng biru, ingkang saya sêpuh saya mêlês, andadosakên sakalangkung murub soroting kartika, ingkang sami jumêdhul barubulan, pating karêlip, pating galêbyar, pindha sêsotya nawa rêtna ingkang dhinasaran ing waja wêrdi. Ing ngriku sêpêning pasawangan taksih kawimbuhan wujuding wulan tumanggal ingkang sampun ngayom mangilèn, sorotipun gumilang-gilang sumuluh wêning, dalah bagean salêbêting wêngku bundêraning căndra ingkang dèrèng sagêd ambucal sorot, punika ugi sampun katingal sumilak wêning. Mênggah ingkang damêl sangêt ascaryaning manah kula, dene têka sanès têmên soroting tanggal punika katimbang kalihan ingkang sabênipun kula sumêrêpi ing tanah kalairan kula, punapa ta: mênggah darunanipun, dene sênêning sunaripun têka sagêd ambabar sulak wêning ingkang samantên wênêsipun, punapa kaendahan punika ugi taksih gêgayutan kalihan wahananing daya bêntèring hawa ing samodra Pasir. Wontên malih ingkang nambahi asrining pasawangan, inggih punika dilahing mênara ingkang katingal gêbyar-gêbyar

--- 135 ---

wontên sukuning ardi, ingkang nglojok têbih dhatêng têngahing tasik, dilah wau manawi kaèmpêr-èmpêr, katingal kados netraning janma ingkang mêrêm mêlik, amargi munggul ing rêdi, ngongkangipun dhatêng sagantên, kalêrêsan mèmpêr sangêt kalihan sêsipatan mukaning janma, ingkang miring tumênga ing akasa. Urubing dilah, byar sumorot pêthak ngantos sawatawis dangu, lajêng pêt sakêdhap, byar malih, samangke santun sorot abrit, makatên salajêngipun, pindha janma ingkang arip, sabên layap-layap tansah kêgugah dening kagèting swabawa. Soroting dilah wau saya dalu saya ngêlam-lamakên, manawi nuju sumorot pêthak, sorotipun mantun kados pêthaking lintang karainan, nanging sumuluh sulak ijêm maya-maya, dene manawi nuju sumorot abrit, mantun kados abritipun netraning angga rapuh, nanging ngantos kados abriting sangkêlat, saya cêlak kalihan prênah panggenaning mênara, sêlot agêng katingalipun urubing dilah, manawi nuju sumorot pêthak, pancorong sorotipun [so ...]

--- 136 ---

[... rotipun] kados suluhing pancêr raina ing wanci sawung kaluruk kaping tiga, manawi nuju sumorot abrit, crêmomong sunaripun angagètakên, dene angwontênakên gagasan dhatêng sakula tiyang Jawi, kados sumêrêp mawentehan, wujuding banaspati sawêg jumêdhulipun saking bantala, manut cariyosipun ki dhalang ringgit purwa, manawi nuju ngocapakên isèn-isèning wana Krêndha Wahana, inggih kahyangan ing Setra Găndamayu, manawi kula cariyosna sadaya mênggah langên-langêning antariksa ing sontên wau, endahipun kêkuwunging pracima ingkang tumpuk-tumpuk têmpuk katêmpuran ulês, ing ngandhap sinăngga ing gêdhahing samodra, ing nginggil tinindhihan biruning akasa, kintên kula dangu pêdhotipun. Botên kula piyambak ingkang kascaryan nyawang kaendahaning kodrat ingkang kados makatên wau, saking panyawang kula sadaya prikănca kula kesahan ugi makatên, tandhanipun kula sawang ulatipun sami katingal pajar, satunggal botên wontên ingkang gadhah ulat pêtêng. Sintên ingkang pajar ulatipun, [ulati ...]

--- 137 ---

[... pun,] mokal manawi botên sênênga manahipun, amung para punggawa ing baita, ingkang saèstunipun sampun botên katêmbèn sumêrêpipun dhatêng têtingalan ingkang kados makatên wau, kathah ingkang katingal botên manah babarpisan, ewa samantên dayaning sorot sênêning căndra, mêksa inggih sagêd nabêti dhatêng para punggawa wau, sadaya katingal gadhah sêmu sumèh ing pasêmonipun, awit saking punika mèh sipat tiyang ing baita inggih anglairakên raosing manahipun sarana rêngêng-rêngêng, kula piyambak inggih botên kantun, tanpa nyana, sumêrêp manawi kula nyêkar căndra kusuma, sarêng kula kagèt ing suwantên kula piyambak, mungêl: kalangkung ing trêsnanira, marang Dyah Banoncinawi, măngka pisah umbyanipun, dumugi samantên têntrêming manah lajêng ebah sawatawis dening kèngêtan dhatêng para kadang warga, raosing manah lajêng anyês atis, rumaos manawi ijèn têbih sanak sadhèrèk, nanging makatên wau inggih namung sakêdhap sangêt, bêbasan sagêbyaring kilat, sabab raosing manah ingkang [ingkan ...]

--- 138 ---

[... g] makatên wau, mèh sami sanalika sagêd lipur dening pangudaraos: bok kang padha daktrêsnani kabèh bisa padha ana ing kene, kêna dakajak nyawak kaendahaning kodrat kang samene adine. Wujudipun ingkang sami kula trêsnani sakala lajêng katingal ing gagasan, satunggal-satunggal gêntos-gêntos. Manawi nuju katingal ingkang dados woding tyas, tanpa kenging katahan malih, salêbêting sanubari raosipun kumênyut ingkang tanpa pêpindhan, wosing manah botên liya namung botên tega. Mindhak kapanjang-panjang manawi botên kula cupêta samantên, sakiwa têngên kula botên kirang para panumpak ingkang katingal lam-lamên dhatêng asrining sontên wau, wontên ingkang ngadêg jêgrêg ngantos dangu, wontên ingkang lampah akalihan rêngêng-rêngêng, sawênèh wontên ingkang linggih kursi, kawistara manawi angèn lampahing gagasanipun. Wanci ngajêngakên jam sanga, tanggal sampun badhe angslup ing pracima, kajawi tumanggalipun katingal sawatawis agêng katimbang saking padatan, wujudipun lajêng katingal abrit malerah, [male ...]

--- 139 ---

[... rah,] bokmanawi darunanipun makatên, inggih taksih gayutan malih kalihan sumuping hawa saking samodra Pasir saha rah. Sasuruping căndra rêdi-rêdi ingkang nangguli tanah Aprikah, taksih katingal anggamêng cêmêng, sabên kasorot ing abyoring kartika ing tawang, ingkang sumêbar ngêbaki sakuwunging jumantara anglir gabah sinawur, bimasêkti, layanganipun satriya ing Jodhipati nalika pinulêt ing sawêr naga, dalu wau ugi anjêrganggang wontên têngahing madyantara, mujur manut ujuring jaran dhawuk ingkang malêtuk pindha ngêndhiti kuwunging antariksa.

--- [140] ---

[...]

--- [141] ---

Sêrat Rangsang Tuban

--- [142] ---

[...]

--- 143 ---

Kacariyos Radèn Udakawimba karêmênipun anênêpi dhatêng ing rêdi-rêdi sarta ing jurang-jurang, pinambêng dhatêng ingkang rama Kyai Agêng Wulusan, botên kenging. Galihipun Radèn Udakawimba kados rinujit kèngêtan sariranipun dhumawah ing papa sande dados gêgadhanganing satriya ingkang binadhe raja. Ing wanci bakda sêmbahyang ngisa nilapakên ingkang rama kesah nênêpi dhatêng ing rêdi kados sabênipun, nuju wulan purnama hyang sitarêsmi katawêng ing imalaya nipis rumamyang katingal lumampah badhe oncat saking pêtêng, lintang-lintang sami surêm sorotipun kadosdene kênyaring sasăngka rudatos angêmu susah. Lampahipun Radèn Udakawimba dumugi sukuning rêdi Kênaka, wontên guwanipun panêpèn, angongkang jurang ingkang angubêngi rêdi. Rêdi Kênaka botên patos agêng nanging mênggêr, antawis namung saêpal mubêng, lambunging rêdi ingkang sisih kidul mêdal toyanipun lajêng mili mangilèn angoncori pasabinan ing Sumbêrêja, ingkang lèr kalethekan jurang ambambing. Radèn sare

--- 144 ---

wontên ing guwa alèmèk ron palasa aking, akajang sirah tugêlan kajêng sêmpu, sadalu amêrêm mêlik botên sagêd sare ngantos mèh gagat enjing, botên amanoni utawi botên angsal sasmita punapa-punapa, kakên galihipun lajêng sare pisan. Wanci byar hyang aruna nyoroti lawanging guwa, Radèn Udakawimba wungu saking sare kagèt aningali sadhasaring jurang nyrêmomong kados wana kawêlagar, dipun waspaosakên têtela yèn wontên mrangangah abrit dening kasorotan padhanging srêngenge, radèn eram ing galih dene wontên kêtingal anèh salêbêting jurang, sêkunging galih badhe kanyatakakên dhatêng ing dhasar, Radèn Udakawimba lajêng mudhun pados margi ingkang rèpèh, wusana manggih undhak-undhakan sela cêndhani sampun katutup ing rumput mêrakan, radèn eram ing galih dene undhak-undhakan wontên ing jurang, lajêng gampil udhunipun, namung kantun miyak rêrungkudipun, dumugi ing ngandhap: Radèn Udakawimba sumlêngêrên aningali wêdhinipun abrit kawoworan [ka ...]

--- 145 ---

[... woworan] mas ore sarta sêsotya amăncawarni, katingal pating karêlip, saha eram malih têtela yèn ingkang katingal abrit wau tutuping kori dhapuraning kadhaton: têmbaga sari kagêmbêlèng, wontên sorogipun agêng taksih manjing, kori lajêng kawêngakakên gampil kemawon. Byar katingal candhi kadhaton salêbêting guwa, kados punapa kemawon eraming galihipun Radèn Udakawimba, saha eram malih dene salêbêting guwa kados kaswargan sagêd padhang kados kapadhangan ing diwangkara, botên sumêrêp bilih sampun wontên pintên-pintên bolongan margi angin ambêkta pêpadhang saking jawi, Radèn Udakawimba lajêng malêbêt dhatêng kadhaton, dumugi kori agêng kèndêl aningali rêrêngganing kori, tutuping kori gêmbêlengan salaka pêthak, tinatah ing kênaka angrawit, têbênging kori wontên sasêratanipun buda kala, mungêl: Sang Prabu Kalapardha, iya Sang Kalawêrdati, gêgunungan utawa ratune para diyu rasêksa kang dhêdhăngka saubênging [saubêng ...]

--- 146 ---

[... ing] guwa-guwa sarta gunung-gunung talatahing nuswa Jawa kang anggrênggani sarta akadhaton ing Tirtakandhas.

Radèn Udakawimba sawêg sumêrêp yèn punika kadhaton ing Tirtakandhas, ing galih ragi ajrih bilih taksih rêksasanipun, nanging ing sêrat pêpakêm cariyos purwa Prabu Kalapardha sampun tumpês sawadyabalanipun kala andhustha Dèwi Erawati dening Wasi Jaladara sarta Radèn Pamade. Amargi saking nyênyêtipun botên wontên sabawa kêmirêng, nelakakên suwêngipun kadhaton, mila Radèn Udakawimba sirna sumêlangipun, korining karaton lajêng kasorog mênga, sangêt eraming galih dene botên wontên ingkang katingal rêpit, sadaya taksih wêtah ayam, rêrêngganing prabasuyasa sarwa êmas, radèn lajêng ambikaki gêdhong-gêdhong salêbêting kadhaton, sadaya kuncinipun taksih sami manjing ing inêbipun piyambak-piyambak, pintên-pintên rajabrana karaton taksih pêpak, tuwin bêkakas dhahar sarwa êmas tuwin salaka, wusana ambikak gêdhong rajabrana, [ra ...]

--- 147 ---

[... jabrana,] ing ngriku kalêmpaking dunyu[7] arta mas arta salaka pintên-pintên kulah, mas ore sampun kawadhahan ing êncèh agêng: pintên-pintên kathahipun, Radèn Udakawimba ngandika salêbêting galih: yèn rajabrana iki lêstari kaduwe ing aku kabèh, kasugihanku angungkuli para ratu ing ngalam dunya kang misuwur dhewe. Nanging yèn luput-luput sêmbire nganti kauningan ing ratu kang ambawahake padhukuhan ing Sumbêrêja kene wurung sugih, rajabrana kadarbe ing liyan, awake malah kaparentah.

Radèn Udakawimba sampun kacariyosakên ing ngajêng yèn lantip yêyasan pakartining kriya, kagungan osik yèn sapucaking ardi badhe kadamêl kadhaton, saubênging rêdi kapasangan bètèng, jurang ingkang minăngka larènipun, jurang Kênaka kabobol anjog ing kadhaton, mawi pipa ingkang amadhangi margi, dados rajabrana lêstantun wontên ing ngriku, namung kapêndhêt saking ênggènipun kemawon, dhasaring jurang dados pasimpênan rajabrana agung, taksih kathah malih osiking galihipun Radèn [Radè ...]

--- 148 ---

[... n] Udakawimba, lajêng mêdal saking jurang laju kondur kapanggih ingkang rama. Kadangu dene ngantos siyang sawêg wangsul, radèn matur bilih katilêman wontên ing jurang. Antawis dangu Radèn Udakawimba matur dhatêng ingkang rama yèn anggènipun asring nênêpi angsal kamirahaning Pangeran sagêd nyipta wêdhi dados mas ore.

Kyai agêng kagèt mirêng aturipun ingkang putra: Coba gèr, nyatakna kawruhmu iku, amêsthi aku lan kowe dadi wong misuwur. Ingkang putra matur: Punika botên kenging kasat mata ing sanès, rama, kêdah mawi salat kajat wontên ing rêdi namung kalayan ijèn. Mênawi kaparêng, rama namung narimah anampèni saking kula sacêkapipun karsa sampeyan, sarta sakajêng kula, nanging mênawi kaparêng rama sampun mawi mêmancèni kajêng kula anggèn kula badhe angwêdalakên wragad kathah angrêjakakên dhukuh ing Sumbêrêja.

Iya gèr, aku bakal nurut ing sakarêpmu, nanging nyatakna kandhamu iku, dadi ora kaya caturane wong ngimpi.

--- 149 ---

Mangke dalu kula wangsul nênêpi, enjing kula wangsul, ambêkta kasagahan kula wau.

Bakda salat ngisa Radèn Udakawimba tindak kados sabênipun, sarta ambêkta kandhi agêng, dumugi ing guwa lajêng sare kemawon, enjing mudhun dhatêng ing jurang lajêng malêbêt ing guwa kadhaton, ambikak gêdhong rajabrana, mêndhêt mas ore sakandhi ngantos kêbak, lajêng kondur kapanggih ingkang rama. Ingkang rama gita amêthukakên ingkang putra sarta lajêng dipun jak malêbêt dhatêng dalêm, pratingkahipun kadamêl wados, bêbêktanipun ingkang putra lajêng dipun sok wontên ing bèri salêbêting gêdhong. Ingkang rama anjêngêr dene wontên mas ore samantên kathahipun, nanging ingkang putra botên pisan-pisan katingal tumut eram, eramipun sampun katilar wontên ing jurang kadhaton, ingkang tansah winados, ingkang putra lajêng dipun rangkul sarta dipun pangandikani: Gèr, kowe lan aku bakal misuwur sugih saka rajabrana pêparinging Allah, aku kang bakal anglêbur mas [ma ...]

--- 150 ---

[... s] iki sarta andadèkake dandanan kang akèh pangajine.

Kacariyos Radèn Udakawimba lajêng angirup tiyang kriya sami dipun jak gêgriya ing padhukuhan Sumbêrêja, dipun cêkap kabêtahanipun, botên antawis wulan padhukuhan Sumbêrêja dados nagari, karsanipun Radèn Udakawimba dipun lêksanani, nyithak banon pintên-pintên kêthi, ngobong gamping pintên-pintên lumbung, tandho wêdhi ngantos kados rêdi, kasarêng panggarapipun bètèng sarta pangêburing redi, punapadene pangrakiting kadhaton, tuwin margi agêng margi têrusan lan margi simpangan, dalasan tanêman rêrêngganing kadhaton miwah pêpêthetaning margi wau ingkang amurih aub, kajêng kênari, cêmara tuwin asêm, wringinipun katanêm ing prapatan, kagalih sarênga dadosipun, amargi saking kawasisanipun Radèn Udakawimba, dadosing nagari brêng kados nagari tiban, uparêngganing kadhaton sarwa kancana, kori jêplakan ingkang manjing ing guwa dhasar: winadi, sumingit ing lengkonganing paningrat panêpèn, [pa ...]

--- 151 ---

[... nêpèn,] tinatanan rêrêngganing pamujan asarwa kênaka, bilih kabikak, bolonganipun bundêr pindha pipaning margi angin, wontên timbanipun bêsatan tarikan sarta uluran kawat balêdhèg, sakêdhap sagêd dumugi ing ngandhap, sakêdhap sampun wangsul dumugi ing nginggil, sanadyan tukangipun ingkang sami nandangi botên sumêrêp kajêngipun, sarta botên sumêrêp dhasaring guwa, wêdaling prabea sadintên-dintên ambèr kados udaling umbul ing măngsa rêndhêng, têtiyang alit ingkang sami nyambutdamêl sadintên-dintên tanpa wicalan, kathah ingkang lajêng sami anjrak tumut gêgriya ing padhukuhan Sumbêrêja. Èrèng-èrènging rêdi sacêlaking margi agêng kasipat kadamêl pakampungan, trêping griya atharik-tharik tiningalan anglam-lami.

Kacariyos Kyai Agêng Wulusan, tansah ngalêmbana ing kagunanipun Radèn Udakawimba, botên nyana bilih padhukuhan Sumbêrêja enggal dados nagari agêmah arja, mirah sandhang pangan, para juragan sampun kathah ingkang sami dhatêng sarta adamêl pamondhakan[8]

agêng. Ciptanipun

--- 152 ---

kyai agêng: Radèn Udakawimba tumuntên badhe kapundhut mantu.

Ing wanci saput siti sang prabu putri sakalihan ingkang raka têdhak saking pratapan, pêdhut angampak-ampak angrêmêng margi, rumput kêbunan kasrampat ing pada angêbêsi busana, lamuk sinêrang soroting surya ingkang sawêg mungup saking tancêbing langit saya tipis wusana sirna, kantun ingkang ngrêmêng ing kêkajêngan, kawistara jêlarèhing margi kathah sêsimpanganipun, sang kalih awirandhungan lampahipun sarwi ginêman prakawis rèmèh-rèmèh ingkang adamêl ascaryaning galih, wanci byar rawuh ing pasanggrahan, wadyabala sami kagèt dene sang prabu putri rawuh sampun sakalihan ingkang garwa Pangeran Warih Kusuma, para abdi botên wontên ingkang pandung dhatêng sang pangeran, sami surak gumuruh ambal-ambalan, kyai patih sarta para punggawa kagèt lajêng mêdal saking pakuwonipun piyambak-piyambak, kapanggih kalihan sang pangeran sampun akanthèn asta kalihan ingkang [ing ...]

--- 153 ---

[... kang] rayi sang prabu putri, sami suka-suka sarta sami ngaturakên pambage wilujêng, lajêng satata lênggah ing pasanggrahan, sang prabu putri lajêng mangandikakakên kapanggihipun ingkang raka mawiku wontên ing guwa patapan sarta mangandikakakên lampahanipun sang pangeran kalayan titi botên wontên ingkang kalangkungan, sang prabu putri mundhut pirêmbag ing bab pamalêsipun dhatêng kraman ingkang ngrabasèng kitha Tuban.

Aturipun kyai patih sarta para nayaka sarêmbag kalihan senapatining prang: Pantês sang pangeran angsal piwêlas pamurina saking sang prabu, dèrèng dumugi anggènipun pirêmbagan kasaru dhatêngipun pacalanging baris, ngaturi uninga yèn wontên dêdamêl agêng lumampah nuju ing pasanggrahan, sang prabu putri angintên yèn punika mêngsahipun ingkang raka sang pangeran, lajêng adhêdhawuh samêkta prang sarta dhawuh nata gêlar wana kawêlagar, angèl sasak-sasakanipun.

Radèn Udakawimba sampun kaaturan uninga yèn cucuking baris kandhêg dening kapambêng baris malang ing margi, kados sarayanipun ratu ing Tuban. [Tu ...]

--- 154 ---

[... ban.] Radèn Udakawimba anguningani gêlaring mêngsah rumaos kawêkèn sarta ngalêm salêbêting galih bab rapêting pasangipun gêlar angèl sinusupan, ewadene Radèn Udakawimba sagêd anggalih ungguling yudanipun, lajêng adhêdhawuh masang gêlar ombaking samodra pasang tumêmpuh ing parang, angêlêm ubaling dahana, lajêng prang brubuh sampun kathah longipun ing pêpêjah, sang prabu putri sumêrêp yèn gêlaripun kenging kasusupan, lajêng amalik gêlar setubănda ambrol, bala ing Sumbêrêja kerut larut kapalayu kalêbêt ing gêlar, Radèn Udakawimba kesisan bala, badhe katukup lajêng oncat saking palagan, kadhèrèkakên para prajuritipun sinêlir lèrès sumêdya kondur abêbiting wontên salêbêtipun kitha, supados mêngsahipun ngêlud sapurugipun, wontên ing kitha Sumbêrêja amêsthi gampil kapracondhang saking santosa sarta wêriting balowarti, angèl lêbêt-lêbêtanipun, marwasa mêngsah saking sanginggiling balowarti, gampil kemawon, tikang-tikunging margi lampahing mariyêm [mariyê ...]

--- 155 ---

[... m] prigêl sangêt, botên wontên kidhungipun pisan-pisan, awit saking kawasisanipun Radèn Udakawimba. Sang prabu putri sumêrêp yèn sesaning mêngsahipun ingkang botên katawan: lèrès, lajêng ingêlud sapurugipun dumugi ing Sumbêrêja, malêbêt ing balowarti ingkang angeram-eramakên santosanipun, sang prabu kandhêg wontên ing jawi, panggalihipun sang prabu wadyabalanipun amêsthi badhe nêmahi risak bilih pangrêbating balowarti namung kalayan wantah kemawon, gampil tinumpês ing gurnat gutuk api dening kêpapan wontên ing margi sungil. Sang prabu lajêng ambudi sarana ingkang kenging kadamêl gêlar garudha nglayang, lajêng adhêdhawuh yasa palwa udara, bakalipun motha kinêlam ing wêsi janur, ingasêpan saking latu balêdhèg, sagêd mumbul ing gêgana, sarêng sampun samêkta lajêng katumpakan para prajurit pêpilihan sami asikêp dêdamêl, sang nata piyambak yasa sakoci boma, katitihan kalihan ingkang raka sarta para wirotama, sami andêdêl muluk ing gêgana angungkuli balowarti,

--- 156 ---

lajêng cumlorot saengga thathit, tumuju ing kadhaton sarta lajêng dipun brêgi, para prajurit mangrêmpak saking wingking adamêl karisakaning mêngsah, Radèn Udakawimba gugup dening dipun kagètakên dhatêngipun, botên kantênan tataning baris, awit linambung saking wingking dhatêngipun saking gêgana rikat kados angin, Radèn Udakawimba kasêlut ing papan kacêpêng dening senapatining prang lajêng kaawêran cindhe kaladosakên ing ngarsanipun sang prabu putri sakalihan sampun sinewaka wontên ing pandhapa agêng, sarêng kalihan sowanipun para wirotama kairid senapatining prang ambêkta pangagênging kraman sampun kaawêran cindhe, kasowanakên ing ngarsanipun sang prabu mabukuh wontên ing siti, Sang Pangeran Warih Kusuma botên pandung yèn pangagêng kraman ingkang putra kuwalon Radèn Udakawimba. Lajêng kadangu:

Kalingane kowe Udakawimba, kang gawe ura-uruning praja Tuban, sarta agawe karusakanaku, awit kowe panjilmaning satru kutu [ku ...]

--- 157 ---

[... tu] rase yayi Prabu Warsa Kusuma, ing mêngko kowe bakal nampani pidana saka pangwasane yayi Dèwi Mahaprabu. Radèn Udakawimba tumungkul tanpanon rad idhêpipun.

Sang prabu putri lajêng ngandika dhatêng Radèn Udakawimba: Radèn, aku pitakon marang kowe, saiki apa kang kokarêpake, nungkul, utawa ora.

Kawula nuwun, gusti, ingkang abdi angaturakên pêjah gêsang, mênawi kenging mugi kaabdèkna.

Kowe apa wis somah.

Kawula nuwun sampun, gusti, pikantuk anakipun Ki Buyut Wulusan, nama Rara Sêndhang.

Timbalana mrene sarta wong tuwane lanang wadon.

Ki Buyut Wulusan saakrabipun, sakacêpêngipun Radèn Udakawimba sami adus luh ngalêmpak wontên ing kadhaton, amêmuji lêpating paukuman pêjah, Radèn Udakawimba, kasaru wontên utusan saking ngajêngan, ki buyut saanakbojonipun katimbalan, lajêng [la ...]

--- 158 ---

[... jêng] kerid salampahing utusan, Rara Sendhang lumampah ing têngah kaapit ing yayah renanipun, mangangge lungsêt rambutipun maruwun, katingal amêmêlas, dumugi ing ngarsanipun sang prabu putri lajêng sami lênggah makidhupuh konjêm ing siti, sang prabu putri awas tumingal ing citranipun ingkang pindha ratih Rara Sendhang botên kalih kalihan sang prabu putri kados jambe nèm sinigar palih, namung kaot anèm kalihan sêpuh, pangunandikanipun sang prabu putri: Elok têmên Buyut Wulusan duwe yoga kaya mêngkono. Sang prabu ugi malongok andulu citranipun Rara Sêndhang, dene angêblêgi citranipun ingkang rayi.

Sang prabu putri lajêng andangu: Aja dadi atimu kaki Wulusan, aku pitakon marang kowe ing satêmêne, Rara Sêndhang iku apa anakmu têmênan, dene citrane angeram-eramake.

Kawula nuwun, gusti, ila-ila punapa mênawi kawula matura dora ing panjênêngan paduka, kadangu ing ratu ingkang kuwasa ing bumi, sayêktosipun [sayê ...]

--- 159 ---

[... ktosipun] Rara Sêndhang punika anak kawula pupon, pikantuk kawula cadhang ing bênawi, wontên ing gêndhaga, kèli isi bêbayi.

Sang prabu putri sumêdhot ing galih bokbilih punika putranipun ingkang dipun labuh ing bênawi, sang prabu lajêng ngandika, gêndhagane saiki apa isih.

Kawula nuwun, taksih, kawula tarang wontên ing langitan.

Mara jupukên.

Kawula nuwun, inggih sandika. Gêndhaga kapundhut lajêng kacaosakên ing ngarsanipun sang prabu putri sarta lajêng katingalan kalayan titi, bakalipun kajêng cêndhana kinarawistha ing lung-lungan apindha alum, wontên sasêratanipun Ibrani mungêl raja putri putranipun Dèwi Wayi patutan saking Pangeran Warih Kusuma, ingkang seda konduran, dèrèng dumugi pamaosipun sang prabu putri anjrit mudhun saking palênggahan angrangkul ingkang putra Dèwi Sêndhang sarwi lara-lara karuna, nanging Dèwi Sêndhang botên tumut bela karuna, awit botên sumêrêp darunanipun, [daruna ...]

--- 160 ---

[... nipun,] makatên ugi Sang Pangeran Warih Kusuma saya botên tumut bela karuna namung kèndêl, nanging amêraki ingkang rayi angudi punapa darunanipun muwun, dangu botên angsal wangsulan, wusana dipun aturi yèn Dèwi Sêndhang punika putranipun sang pangeran ingkang linabuh ing bênawi, sang pangeran lajêng ambêngok tumut karuna sarta brêng tiyang sapasewakan sami bela tumut karuna. Sirêping tangis, sang prabu putri wangsul lênggah ing dhampar ingkang putra Dèwi Sêndhang botên pisah wontên ing ngarsanipun sarta tansah dipun tingali, Radèn Udakawimba kadhawahan anglukari pusaranipun cindhe, sarta ingapuntên dosanipun têtêp minantu ing sang prabu ing Banyubiru. Wontên ing padhukuhan Sumbêrêja andumugèkakên suka-parisuka, antawis sawulan: sang prabu putri karsa kondur dhatêng ing Banyubiru, ingkang putra sakalihan andhèrèk, sarawuhipun ing nagari ingkang rama Sang Prabu Hèrtambang kaaturan rawuh ing nagari saking pacrabakan, sarawuhipun kapêthuk ingkang putra sang prabu putri sampun akanthèn asta [a ...]

--- 161 ---

[... sta] kalihan ingkang raka Sang Pangeran Warih Kusuma, sarta kadhèrèkakên ingkang putra Dèwi Sêndhang akanthèn asta kalihan ingkang raka Radèn Udakawimba, putra wayah sami tundhuk angaraspada, lajêng sami dipun rangkul gêntos-gêntos, awit Sang Prabu Wrêdha sampun kaaturan uninga ing bab lêlampahanipun ingkang putra.

Antawis sataun Radèn Udakawimba wontên ing Banyubiru lajêng kajumênêngakên ratu saking wêwênangipun sang prabu putri: wontên nagari Tuban, namung sabên warsa kadhawuhan sowan saos bêkti laminipun sawulan. Sang Pangeran Warih Kusuma botên karsa kondur dhatêng ing Tuban, lêstantun angêmbani ingkang rayi si prabu putri wontên ing Banyubiru kemawon. Dene ingkang rayi Dèwi Wrêsti kadhawuhan momong ingkang putra Prabu Udakawimba, kalihan sariranipun têtêpa dados sadhèrèk nak-sanak.

--- [162] ---

…

--- [163] ---

Gancaring Cariyos Arjunasasra

--- [164] ---

…

--- 165 ---

Ing mangke ingkang kacariyos nagari ing Maispati, ratunipun ajajuluk Arjunawijaya. Inggih Sasrabau, utawi Arjunasasra. Garwanipun anama Dèwi Citrawati, sêliripun wolungatus. Saha kathah ratu nagari ing ngamănca, ingkang lampahan sataun tuwin kalih taun, sami kabawah ing sang nata, pêpatihipun anama Suwănda, ingkang warni jumbuh akalihan sang nata.

Anuju satunggiling dintên Prabu Arjunasasra karsa amêng-amêng dhumatêng wana ingkang urut pasisir, lajêng andhawahakên parentah dhumatêng Patih Suwănda, angundhangi bala tuwin para ratu, punapadene para satriya, kakarsakakên sami andhèrèk, Patih Suwănda anglêksanani dhawuhipun Prabu Arjunasasra. Sarêng sampun sami pêpak, sang nata lajêng bidhal, anitih rata akalihan ingkang garwa, sêlir wolungatus kakarsakakên andhèrèk.

--- 166 ---

Tindakipun sang nata sampun dumugi ing rêdi. Para pandhita ingkang adhadhepok wontên ing ngriku, sarêng midhangêt yèn sang nata pêpara dhumatêng wana, enggal sami mêthuk, saha sakalangkung sami suka bingahipun, awit panggenanipun katêdhakan ing ratu agêng. Sang nata sasampuning ambêbêdhag saha mêndhêt ulam, lajêng anyare ing pratapan. Wontên ing ngriku aginêm raos kalihan para pandhita, bab kautamaning lampah-lampah tuwin wajibipun ing ngagêsang. Enjing Dèwi Citrawati akalihan para sêlir sami angundhuh sêkar, sangêt sami suka bingah ing galih. Anuntên Sang Prabu Arjunasasra bidhal saking pratapan wau, karsa amasanggrahan ing panggenan sanèsipun. Samargi-margi sang nata adêdana dhumatêng para abdi, botên wontên ingkang kalangkungan. Akathah pratapan ingkang dipun kèndêli, pundi ingkang risak andikakakên andandosi dhumatêng abdinipun, saha pinaringan ing saratipun anyaèni. Wusana tindakipun sang nata dumugi ing rêdi agêng, wontên ing ngriku Patih Suwănda ayasa pasanggrahanipun sang nata.

--- 167 ---

Rêdi wau cakêt akalihan lèpèn agêng, toyanipun lêbêt saha santêr, têmpuk akalihan sagantên. Enjing sang nata akalihan ingkang garwa amêng-amêng dhatêng pinggiring lèpèn wau. Dèwi Citrawati kapingin badhe siram ing lèpèn, ananging kacandhêt awit saking lêbêt saha santêr, cuwaning galihipun ngantos katawis saking sêmu. Sang nata anggraita, lajêng angandika dhumatêng ingkang garwa: Aja susah atimu, prakara jêro lan santêring kali, mungguh panambaking kali, amurih cèthèke, aku kang nyaguhi, aja sing kali, sanajan sêgara, aku kaduga anambak. Apadene yèn kowe duwe karêp, anjaluk udhune swarga marang marcapada, aku iya kaduga. Sasampuning ngandika mêkatên, lajêng animbali Patih Suwănda, pangandikanipun sang nata: Suwănda, ingsun karsa sare ana sajroning kali, sira lan para ratu tuwin para punggawa padha rumêksaa pasanggrahan. Sakèndêlipun ngandika makatên, sang nata lajêng triwikrama, sakala sariranipun dados agêng kados rêdi, astanipun sèwu, anuntên [a ...]

--- 168 ---

[... nuntên] para dewa sami anjawahakên sêkar, minăngka pakurmat dhumatêng Prabu Arjunasasra. Para pandhita tuwin Dèwi Citrawati, saha para sêlir, punapadene para abdi agêng alit, sami angabêkti dhumatêng sang nata. Sarêng sampun sami ngabêkti, sang nata lajêng têdhak anggêbyur saha malang wontên ing lèpèn. Sakala toyanipun mambêk, kados dipun tambak, anuntên Dèwi Citrawati siram akalihan para sêlir wontên panggenan ingkang cèthèk.

Kacariyos Prabu Dasamuka, ingkang masanggrahan wontên ing Pulo Manik, sakalangkung cuwanipun ing galih, amargi kala wontên ing rêdi Kelasa Prawata kaoncatan ing Dèwi Widawati. Salaminipun wontên ing Pulo Manik wau sang nata tansah amêmuja, ingkang tinêdha ing sêmadi, kaugunga ing dewa sabarang karsanipun. Botên antawis dangu para danawa sami kagegeran, amargi katrajang ing toya agêng, inggih punika ambèripun toya lèpèn, ingkang dipun tambak ing Sang Prabu Arjunasasra, angalèbi wana tuwin patêgalan saha [sa ...]

--- 169 ---

[... ha] pasabinan. Saking agênging toya ingkang nungsung, ngantos angacaki pasanggrahanipun Prabu Dasamuka, para danawa alit-alit sami malangkrong wontên ing wit-witan. Prabu Dasamuka sakalangkung duka aningali ambèring toya dhatêng ing pasanggrahan. Lajêng andhawahakên parentah anitik, ingkang andadosakên agênging toya. Wontên punggawa danawa satunggil, anama Sukasrana, punika ingkang kapatah anitik. Sukasrana lajêng mangkat, botên antawis dangu wangsul, sowan ing ngarsanipun Prabu Dasamuka, saha angaturakên ingkang pinanggih ing pamariksanipun. Sarêng Prabu Dasamuka sumêrêp saking pratelaning utusan, yèn ambèring toya wau saking pandamêlipun Prabu Arjunasasra, lajêng andhawahakên parentah dhumatêng Patih Prahasta, amêpak bala, badhe anglurugi Prabu Arjunasasra. Patih Prahasta sangêt botên amrayogèkakên karsanipun sang nata, awit Prabu Arjunasasra ratu agêng saha sêkti, angêrèhakên ratu kathah, sami sêkti-sêkti sadaya, sumêlangipun Patih [Pa ...]

--- 170 ---

[... tih] Prahasta, yèn sang nata ngantos amêngsah Prabu Arjunasasra, bokmanawi manggih tiwas. Kathah-kathah aturipun kyai patih, ênggènipun murih sandening karsane ratunipun, punapadene anyêrêpakên, yèn Prabu Arjunasasra titisipun Bathara Wisnu, botên kenging linawan. Prabu Dasamuka botên andhahar aturing patih, ingkang amung amurih karaharjaning sariranipun. Malah sangêt andadosakên dukanipun, amidhangêtakên panggunggungipun Prahasta dhumatêng Prabu Arjunasasra, lajêng triwikrama, sariranipun dados agêng prasasat rêdi, astanipun wolungatus, sami anyêpêng dêdamêl sadaya, pangandikanipun dhumatêng Patih Prahasta: Hèh paman patih, dêlêngên kasêktènku, apa ana isining jagad, kang wani tuwin bisa mêmalangi kêkarêpanaku, Si Arjunasasra manah[9] yèn wania mungsuh aku, dewa ing suralaya kabèh kêkês andêlêng kasêktènku. Patih Prahasta botên ajrih matur malih, sangêt ing pangudi, sasagêd-sagêd badhe angampah karsaning ratunipun, ananging

--- 171 ---

Pabu Dasamuka kêkah ing karsa, ênggènipun badhe nglurug. Patih Prahasta kagalih ajrih pêrang, lajêng kadhawahan kesah, kapurih tumuta dhumatêng Prabu Arjunasasra. Anuntên sang nata aparentah dhumatêng punggawa danawa, ingkang anama Mintragna, Wirupaksa, Dumraksa saha Kampana, ambidhalakên prajurit, badhe anginggahi Prabu Arjunasasra. Botên antawis dangu bala danawa sampun pêpak, lajêng kabidhalakên, Patih Prahasta botên kantun, ananging lumampah wontên ing wingking, saha sangêt prihatosipun, awit Prabu Dasamuka anampik wulang prayogi, ingkang kenging andadosakên karaharjaning sarira saabdinipun sadaya.

Patih Suwănda sampun anampèni pratelanipun mantri ingkang nganglang, yèn ratuning danawa ingkang ajajuluk Dasamuka anginggahi, badhe anggitik Prabu Arjunasasra, lajêng andhawahakên parentah amêpak prajurit. Sawontênipun prajurit ingkang andhèrèk kapara tiga, ingkang kalih duman badhe kabêkta amêthukakên mêngsah, ingkang saduman katilar wontên ing

--- 172 ---

pasanggrahan, arumêksa Prabu Arjunasasra ingkang sawêg sare ing salêbêting toya. Pikajênganipun Patih Suwănda, mêngsah badhe kapêthukakên saking katêbihan, supados sampun ngantos adamêl kagètipun Prabu Arjunasasra. Sarêng sampun rampung ênggènipun amêmatah, Patih Suwănda lajêng bidhal, baris ing ngajêng tatindhihipun ratu ing Manggada, punika ingkang dados ulu-ulunipun para ratu, ingkang kalèrèh dhumatêng Prabu Arjunasasra. Anuntên kasambêtakên dening Ratu ing Srawangga sabarisipun. Sawingkingipun Ratu ing Srawangga ingkang anêpangi Ratu ing Srawantipura, lajêng Ratu ing Kalinggapati, anuntên Prabu Ngalatanaya, sami sabarisipun piyambak-piyambak. Ingkang amungkasi Patih Suwănda saprajuritipun. Lampahing baris agêng sampun dumugi ing ara-ara sasêlaning rêdi agêng, cakêt akalihan sagantên, wontên ing ngriku sami amasanggrahan.

Prabu Dasamuka sabalanipun mêdal ing awang-awang, saha sampun angungkuli pasanggrahanipun [pasanggrahani ...]

--- 173 ---

[... pun] Patih Suwănda. Sang nata eram aningali kathahing baris, ingkang wontên ing ara-ara, andugi yèn Prabu Arjunasasra ingkang masanggrahan wontên ing ngriku, lajêng niyup sabalanipun, badhe anêmpuh ingkang sami pacak baris. Patih Suwănda saha para ratu wau sumêrêp, lajêng sami mêdal saking pasanggrahan, saha anata prajuritipun. Anuntên Prabu Dasamuka anguwuh-uwuh saking awang-awang: Hèh Arjunasasra, yèn kowe ora gêlêm nyêmbah marang aku, amasthi mung sadina iki kowe andêlêng soroting srêngenge, awit ora wurung kowe sabalamu bakal tumpês dening aku, sanajan kowe dibiyantonana ing dewa, amêsthi ora kêlar anadhahi pangamukku, mulane yèn kowe ngeman umurmu, dienggal angrungkêbana dalamakanaku, lan rajabranamu, tuwin anak-anake wadon para ratu kang kalèrèh ing kowe, padha saosna marang aku. Mung iku kang minăngka pamurunge patimu. Patih Suwănda amangsuli: Hèh Dasamuka, aku dudu Prabu Arjunasasra, aku iki [i ...]

--- 174 ---

[... ki] patihe, jênêngku Suwănda, têkaku ing kene arêp amêmalangi lakumu aja kowe kongsi amungu gustiku kang lagi sare. Yèn aku isih urip, amasthi ora kalakon kêkarêpanamu, sumêdya angrubêdi gustiku. Aku lan para ratu kalerehane gustiku amilalah tumpês ana ing paprangan, karo nungkul marang kowe. Prabu Dasamuka gumujêng amidhangêtakên wangsulanipun Patih Suwănda, lajêng angandika malih: Sarèhne aku ratu gêdhe lan kawasa, patut tandhing pêrang karo ratumu Arjunasasra, yèn karo kowe aku ora gêlêm pêrang, awit kowe wong nistha, ora duwe kasêktèn. Eman gêgamanku yèn dak tamakna ing kowe. Prabu Dasamuka sasampuning ngandika makatên, lajêng mundur dhatêng pasanggrahanipun ing Pulo Manik, sarwi andhawahakên parentah dhumatêng danawa punggawa, ingkang nama Kampana, Supwarsa, Dumraksa, saha Mintragna, amêthukakên pêrangipun Patih Suwănda.

--- 175 ---

Anuntên punggawa danawa sakawan wau sabalanipun sami mêdhun saking awang-awang, lajêng pêrang akalihan prajurit ing Maispati. Ratu ing Manggada anglêpasakên jêmparing, punika amêdalakên jêmparing alêksan, andhawahi bala danawa, kathah ingkang pêjah. Anuntên Wirupaksa amusus tanganipun, amêdalakên lesus, anyirnakakên sakathahing jêmparingipun Ratu ing Manggada, lajêng angabani balanipun, kapurih anêmpuha prajurit manungsa. Para danawa enggal angêbyuki, saha kathah angsalipun papêjah. Anuntên Ratu ing Srawantipura anglêpasakên jêmparing, punika amêdalakên sela kathah, agêngipun sarêdi-rêdi, andhawahi bala danawa, saha kathah ingkang pêjah. Prabu Suryakètu anusuli jêmparing, punika amêdalakên naga tanpa wicalan, ananumpêsi bala danawa, amargi saking ampuhing wisanipun. Danawa punggawa ingkang nama Wirupaksa, Supwarsa, Gathodara, Brajamusthi, Wiloituksa, Marica, Pragasa, Prajăngga, Jambumangli, Puthadaksi, Mintragna, saha Sukasrana, sarêng ningali

--- 176 ---

risakipun bala danawa, lajêng sami angawaki pêrang, pangamukipun anggagirisi, kathah bala manungsa ingkang pêjah dening danawa punggawa wau. Anuntên Ratu ing Manggada, ing Srawangga, saha ing Kalinggapati, sami têdhak saking rata, ambiyantoni pêrang, ewadèntên prajurit manungsa mêksa kontit pêrangipun. Patih Suwănda enggal anglêpasakên jêmparing, punika amêdalakên dêdamêl warni-warni tanpa wicalan, andhawahi bala danawa, kathah ingkang pêjah anuntên danawa punggawa, ingkang sampun kasêbut wau angamuk malih ananumpêsi bala manungsa, para ratu kalerehanipun Prabu Arjunasasra sarêng aningali risaking prajurit manungsa, lajêng sami ngamuk anêmpuh bala danawa. Ratu kalerehan wau wontên ingkang nama Prabu Soda, punika anglêpasakên jêmparing bajra, anêmpuh bala danawa, sadaya sami sirna kabêkta ing angin, sasirnanipun danawa alit-alit, amargi linêpasan jêmparing bajra dening Prabu Soda, anuntên para punggawa danawa sami ngamuk, kapêthukakên dening para ratu kalerehan, [kalere ...]

--- 177 ---

[... han,] saha dening Patih Suwănda, arame pêrangipun. Wusana sakathahing danawa punggawa sami kawon saha pêjah sadaya, namung kantun satunggil, ingkang nama Sukasrana, punika lumajêng sabalanipun dhumatêng Pulo Manik, sowan ing ngarsanipun Prabu Dasamuka, lajêng angaturakên tiwasing para punggawa sabalanipun.

Prabu Dasamuka gèdhèg amidhangêtakên pratelanipun Sukasrana, gêrêng-gêrêng dangu botên sagêd ngandika. Wusana lajêng angundhangi bala, sakantunipun ingkang wontên ing pasanggrahan saha amêmacak punggawa, gagêntosipun ingkang sami pêjah. Wondening ingkang kaangkat dados punggawa, anak utawi sadhèrèkipun ingkang sampun pêjah wau, sarta sami anunggak sêmi nama. Sasampuning amêmacak punggawa, Prabu Dasamuka lajêng bidhal saking Pulo Manik, kadhèrèkakên ing Patih Prahasta sabalanipun. Bala danawa sawênèh wontên ingkang mêdal ing awang-awang, sawênèh mêdal ing dharatan, samargi-margi ambêbahaki padhusunan, saha amamăngsa tiyang dhusun.

--- 178 ---

Sasirnanipun mêngsah danawa, para ratu kalerehan tuwin Patih Suwănda sami suka bingah, saha ngaub wontên sangandhaping wit-witan. Botên antawis dangu sami kagèt dening swaranipun bala danawa, ingkang sawêg dhatêng. Baris danawa wau anjog dhatêng dharatan, lajêng anêmpuh baris ing Maispati. Sakala sami apêrang rame, Patih Prahasta ngamuk sarwi anumpak gajah, kathah angsalipun papêjah, kapêthukakên dening ratu kalerehan, ingkang jajuluk Wisabajra, gajahipun Patih Prahasta pêjah kagada dening Prabu Wisabajra wau. Sarêng Prabu Dasamuka aningali, yèn gajahipun Patih Prahasta pêjah, lajêng triwikrama, angamuk ananumpêsi, sakathahing jêmparing tuwin dêdamêlipun para ratu têlukan botên wontên ingkang tumama dhumatêng Prabu Dasamuka. Wusana para ratu wau kathah ingkang pêjah, sakantunipun sami lumajêng, angungsèkakên gêsang, awit giris aningali pangamukipun Prabu Dasamuka, sampun prasasat Bathara Kala badhe anggêmpur jagad.

--- 179 ---

Patih Suwănda sarêng aningali mawudipun para ratu, lajêng adamêl sêrat, katangsulakên ing cakra, linêpasakên dhumatêng para ratu ingkang sami kaplajêng wau, ijêmaning sêrat: Hèh para ratu kang padha lumayu saka ing paprangan, têka ora wêruh ing isin, giris andêlêng mungsuhe sêkti, lali yèn tinitah ratu, mungguh pati lan urip gumantung ana ing Hyang Suksma Wêkas. Iya iku kang aparing kêraharjan lan cilaka, sarta kang anitahake para ratu, kinacèk lan sapadha-padhaning tumitah, sabab dening apa kowe padha miris amungsuh Si Dasamuka. Jênênging ratu kang satêmêne amasthi sugih wirang, lan kêndêl pêrang, kowe iku padha kinulit daging marang Sang Prabu Arjunasasra, saka karêpanamu diêmong. Apa kang kowalêsake yèn ora gêtih lan patimu. Yèn ora mangkonoa, eman nagara diadêgi ratu kang kaya kowe, ratu kang sajati ora gêlêm mingkêd saka ing marganing kautaman. Yèn maju marang ing paprangan, anyêpta bakal sêmadi, papaning pêrang kang minăngka padunan, panah lan gêgaman liyane [liya ...]

--- 180 ---

[... ne] dianggêp ratus tuwin urubing gêni, êgong dianggêp gêntha. Yèn ratu anumpês satru salah amasthi gêdhe ganjarane ana ing jagad kailangan. Saupama olèhe nêdya anyirnakake kadursilan, kongsi tumêka ing pati, amasthi bakal munggah ing swarga, katêmu lan jawata linuwih, iya iku Bathara Wisnu, lan dewa nayaka wawolu.

Para ratu ingkang sami kaplajêng wau sarêng anampèni sêratipun Patih Suwănda, mêdal malih kapurunanipun. Lajêng sami wangsul dhatêng ing paprangan sabalanipun, saha tanglêd malih akalihan Prabu Dasamuka, ananging kawon sarta pêjah sadaya. Sakantuning balanipun sami mawud. Anuntên Patih Suwănda numpak rata, lajêng dhumatêng ing paprangan. Prabu Dasamuka aningali, yèn kapêthukakên ing Patih Suwănda, lajêng angandika: Hèh Suwănda, kowe iku têka mêksa arêp angayoni aku, aluwung mundura dienggal, matura marang gustimu Si Arjunasasra, yèn dak êntèni ana ing paprangan. Awit iku kang patut pêrang karo aku. Yèn aku [a ...]

--- 181 ---

[... ku] dudu tandhingmu, ora wurung kowe ajur ana ing tanganku, Patih Suwănda amangsuli: Hèh ratu buta, yèn aku isih urip, amasthi ora kalakon kowe pêrang karo gustiku Prabu Arjunasasra. Gustiku ratu gêdhe, ambêk utama, eman yèn tandhinga karo kowe, awit kowe buta murka rêrêgêding jagad, aku bae anguwisi pêrang marang kowe. Prabu Dasamuka sarêng dipun wangsuli makatên, lajêng anglêpasakên limpung, kadhawahan dening jêmparingipun Patih Suwănda, limpung wau tugêl, angantos dangu ênggènipun sami lêpas-linêpasan jêmparing, ananging botên wontên ingkang ngèngingi. Wusana Patih Suwănda anglêpasakên jêmparing cakra kenging jangganipun Prabu Dasamuka pagas. Sang nata seda dhawah ing siti, ananging sarèhning kagungan aji păncasona, mastaka ingkang sampun pagas wau tungtum malih akalihan gêmbung. Prabu Dasamuka gêsang malih lajêng mumbul dhatêng ing awang-awang, Prabu Dasamuka kêrêp seda dening jêmparingipun Patih Suwănda, ananging gêsang malih amargi

--- 182 ---

saking sawabibun aji păncasona. Wusana Patih Suwănda anglêpasakên jêmparing trisula, kenging jajanipun Prabu Dasamuka, seda dhawah ing siti, saha sampun gêsang malih, ananging sang nata botên wungu, api-api seda. Patih Suwănda andugi yèn sampun pêjah, lajêng têdhak saking rata, amurugi layonipun sang nata, badhe katigas mastakanipun. Sarêng badhe kajambak, Prabu Dasamuka wungu, saha anggêlut dhumatêng Patih Suwănda, dhuwungipun lajêng karêbat, kadamêl anigas gulunipun kyai patih. Sarêng gulunipun kyai patih sampun katigas, sirah akalihan gêmbungipun sami ngamuk. Adamêl girising para danawa punggawa, saha susahing galihipun Prabu Dasamuka. Anuntên sang nata anglêpasakên jêmparing bajra, sirah saha gêmbung wau sirna kabêkta ing jêmparing, sakantuning balanipun Patih Suwănda mawud.

Prabu Arjunasasra sawungunipun sare wontên ing lèpèn, sampun midhangêt pawartos, yèn wontên mêngsah danawa dhatêng saking nagari Ngalêngka, saha sampun kapêthukakên dhumatêng

--- 183 ---

Patih Suwănda. Sang nata sarêng anampèni pawartos wau, saking sumêlangipun dhumatêng Patih Suwănda, manawi ngantos amanggih tiwas wontên ing paprangan, lajêng angundhangi bala, karsa atatulung dhumatêng patihipun. Sarêng prajurit sampun pêpak, sang nata lajêng bidhal. Wontên ing margi kapêthuk akalihan putranipun Prabu Soda, saha dipun pratelani bab pêjahipun Patih Suwănda sarta para ratu tatêlukan. Prabu Arjunasasra sakalangkung duka, amidhangêt pêjahipun Patih Suwănda, lajêng andhawahakên parentah amêlak lampahing baris. Anuntên Sang Hyang Kanekaputra têdhak, mêndhak-mêdhak ing ngarsanipun sang nata, saha andhawahakên timbalanipun Bathara Guru, sang nata kapurih anyandèkna ênggènipun badhe pêrang akalihan Prabu Dasamuka, awit dèrèng dumugi ing wêwatêsaning măngsa pêjahipun Dasamuka, ingkang sampun kapasthi ing Bathara Guru. Benjing yèn Sang Prabu Arjunasasra anitisa pisan malih dhumatêng manungsa, ingkang angratoni kêthèk, ing ngriku mangsaning pêjahipun [pê ...]

--- 184 ---

[... jahipun] Prabu Dasamuka sabalanipun danawa sadaya, mila Prabu Arjunasasra ing mangke kaaturan kondur, sampun ngantos amêjahi Dasamuka. Wangsulanipun Prabu Arjunasasra, botên sumêdya badhe amêjahi Prabu Dasamuka, namung badhe kaangkah kawonipun kemawon, awit yèn botên makatêna, Dasamuka amasthi botên sampun-sampun anggène adamêl kasusahaning jagad. Sang Hyang Kanekaputra kèndêl, ananging tut wingking tindakipun Prabu Arjunasasra. Sarêng sampun dumugi ing paprangan, sang nata andhawahakên parentah anata baris. Hyang Kanekaputra lajêng pamit, kondur dhumatêng ing kadewatan.

Prabu Dasamuka taksih pacak baris wontên ing awang-awang. Sarêng aningali wontên baris agêng andhatêngi, lajêng niyup sabalanipun, anêmpuh prajurit ing Mispati[10] arame tanglêdipun danawa akalihan manungsa. Anuntên Prabu Dasamuka anglêpasakên kunta, saha bramaastra. Jêmparing kêkalih wau amêdalakên jêmparing tanpa wicalan, sarta mêdalakên latu

--- 185 ---

agêng. Enggal Prabu Arjunasasra anglêpasakên jêmparing panulak, anyirnakakên prabawanipun Prabu Dasamuka. Prabu Dasamuka anglêpasakên kunta malih, ananging inggih ugi sirna katulak ing jêmparing Prabu Arjunasasra. Anuntên sang raja danawa triwikrama, sariranipun dados agêng kados rêdi, saha murub, sirahipun sadasa. Prabu Arjunasasra lajêng anglêpasakên jêmparing trisula, anglêpasi kenging jangganipun Prabu Dasamuka, mastakanipun sadasa rantas, nanging botên antawis dangu tungtum malih akalihan gêmbung, Prabu Dasamuka lajêng gêsang malih, saha amêdalakên prabawa, amurih tumpêsipun bala ing Maispati, ananging sakathahing prabawanipun sami sirna dening jêmparingipun Prabu Arjunasasra. Sarèhning Prabu Arjunasasra wêlas aningali risaking abdinipun, ingkang amargi saking pangamukipun Dasamuka, dados karsanipun badhe adamêl rampunging pêrang. Sang nata lajêng triwikrama, sariranipun dados agêng, angungkuli sariranipun Prabu Dasamuka, asatanipun sèwu, sami anyêpêng dêdamêl [dê ...]

--- 186 ---

[... damêl] sadaya, lajêng tanglêd akalihan sang raja danawa wontên ing awang-awang, angantos dangu ênggènipun lêpas-linêpasan jêmparing, saha angabên kaluwihan, ananging kathahing kaluwihanipun Dasamuka kontit, sangêt andadosakên kakêning galihipun, ngantos muwun saha ngêrik-ngêrik, swaranipun kados gêlap.

Botên antawis dangu Bathari Durga garwanipun Bathara Guru tumêdhak, karsa atatulung dhumatêng Prabu Dasamuka, sakala jagad pêtêng dhêdhêt. Prabu Arjunasasra sumêrêp, yèn punika pandamêlipun Bathari Durga, lajêng angasta dhêndha, saha ngandika sêru: Hèh Bathari Durga, kowe iku salah gawe, lah iya diprayitna, tadhahana dhêndhaku iki. Sarêng dhêndha lumêpas, papêtêng wau lajêng sirna, Bathari Durga katingal kawujudanipun, enggal wangsul dhatêng kayanganipun. Prabu Arjunasasra tumuntên anglêpasakên jêmparing dibya, angeningi[11] jangganipun Prabu Dasamuka rantas. Mastakanipun dhawah ing siti, ananging lajêng tungtum malih akalihan gêmbungipun. Anuntên enggal cinandhak ing Sang Prabu Arjunasasra, [Arju ...]

--- 187 ---

[... nasasra,] Dasamuka botên sagêd ebah, ical kasêktènipun, lajêng dipunante.[12] Saking sangêting lingsêmipun, Prabu Dasamuka api-api seda. Sarêng bala danawa aningali yèn gustinipun sampun kawon, saha kacêpê[13] ing Sang Prabu Arjunasasra, enggal sami lumajêng, angungsèkakên gêsang, amung Patih Prahasta ingkang botên lumajêng, malah amurugi Prabu Arjunasasra, saha anyungkêmi padanipun, aturipun sarwi anangis: Dhuh Prabu Arjunasasra, manawi parêng ing karsa dalêm, mugi angapuntêna kalêpatanipun Rawana, sampun ngantos kapêjahan, ingkang kalawau botên kakirangan ênggèn kawula angèngêkên,[14] sampun ngantos purun-purun amêngsah panjênêngan dalêm, ananging sarèhning pun Rawana taksih ênèm, saha cupêt ing budi, dados kirang santosaning manah, ênggènipun anyakêp sakathahing piwulang sae. Mila panyuwun kawula, ênggènipun purun-purun ing panjênêngan dalêm, mugi kagaliha saking bodhonipun. Prabu Arjunasasra gèdhèg amidhangêtakên aturipun Patih [Pa ...]

--- 188 ---

[... tih] Prahasta, botên mawi amangsuli pangandika, anuntên Patih Prahasta matur kathah-kathah dhumatêng Prabu Dasamuka, amêlèhakên kadadosaning tindakipun ingkang botên lêrês, saha ênggènipun angumbar aluamah. Prabu Dasamuka kèndêl kemawon. Anuntên Prabu Arjunasasra bidhal, badhe kondur dhumatêng pasanggrahan. Dasamuka kaêmotakên ing rata, kalampahakên wontên ing ngajêng.

Wontên danawa punggawa ing Ngalêngka satunggil, anama Sukasrana, amalih warni manungsa, angakên abdi ing Maispati, sowan ing ngarsanipun Dèwi Citrawati, sarta agadhah atur doracara, yèn Prabu Arjunasasra seda wontên ing paprangan, saha Prabu Dasamuka badhe rawuh ing pasanggrahan, lajêng amboyongi garwa tuwin sêliripun Prabu Arjunasasra. Dèwi Citrawati sakalangkung kagèt amidhangêt pawartos makatên wau, ciptaning galih, aluwung pêjaha akalihan kawêngku ing sanèsipun. Enggal anyandhak patrêm, lajêng asuduk sarira, sêlir wolungatus inggih sami

--- 189 ---

bela pêjah sadaya. Sarêng Dèwi Citrawati sampun seda, Sukasrana enggal kesah, saha sampun awarni danawa malih.

Prabu Arjunasasra sarawuhipun ing pasanggrahan, sangêt kagèt saha prihatos ing galih, aningali sedaning garwa. Botên antawis dangu dewa ingkang rumêksa ing lèpèn amanggihi sang nata, sarwi anyaosi toya, anama tirtamarta, inggih punika toya panggêsangan. Sarêng layonipun Dèwi Citrawati dipun tètèsi ing toya wau, lajêng gêsang malih saha botên wontên tilasing brana, makatên ugi sêlir wolungatus sami gêsang malih, amargi saking sawabing toya wau. Anuntên dèwi[15] ingkang rumêksa lèpèn wau anyêrêpakên dhumatêng Prabu Arjunasasra, mênggah namaning danawa ingkang andadosakên jalaran sedanipun Dèwi Citrawati tuwin sêlir wolungatus. Satêlasing pratelanipun lajêng mantuk.

Samantukipun dewa ingkang rumêksa lèpèn, Prabu Arjunasasra akalihan ingkang garwa lajêng siram dhumatêng ing lèpèn. Para sêlir sami

--- 190 ---

andhèrèk. Sasampuning siram, sang nata kagungan karsa badhe andikakakên ngupadosi danawa pun Sukasrana ingkang gadhah atur doracara wau, karsanipun badhe kapêjahan, ananging Dèwi Citrawati botên parêng, dados botên èstu kaupadosan. Anuntên Dèwi Citrawati badhe sumêrêp warninipun babêktan Ratu ing Ngalêngka. Prabu Arjunasasra lajêng andhawahakên parentah anyowanakên. Sarêng sampun dumugi ing ngarsanipun sang nata, saha sampun kaêdhunakên saking rata, Dèwi Citrawati sarta para sêlir tuwin para abdi èstri sami aningali.

Wontên pandhita linuwih, sampun sumêngka pangawak braja, saha dados dewa ing suralaya, anama Pulastha, kaprênah buyutipun Prabu Dasamuka. Mênggah sajarahipun punika, Pulastha apaputra Bagawan Padma, Bagawan Padma apaputra Prabu Wisrawa, Prabu Wisrawa apaputra gangsal, pambajêngipun ajajuluk Dhanapati, ingkang jumênêng ratu wontên ing Lokapala, ingkang sakawan patutan saking Dèwi Sukèsi putri

--- 191 ---

ing Ngalêngka, anama Dasamuka, Kumbakarna, Sarpa Kanaka, saha Wibisana. Pulastha wau tumêdhak saking swarga, amanggihi Prabu Arjunasasra, anyuwunakên pangapuntên ingkang wayah, supados sampun ngantos kapêjahan. Ing ngajêng Prabu Arjunasasra botên parêng anggêsangi dhumatêng Dasamuka, amargi dados jalaraning tumpêsipun bala ing Maispati, nanging sarêng Sang Rêsi Pulastha sagah anggêsangakên sakathahing abdi ing Maispati ingkang sami pêjah wontên ing paprangan, sang nata lajêng andhawahakên parentah anguculi Prabu Dasamuka kairida ing ngarsanipun. Prabu Dasamuka sarêng sampun kaluwaran, lajêng kasowanakên ing ngarsanipun Prabu Arjunasasra, saha anyungkêmi padanipun sang nata. Sasampuning kaparingan pangapuntên, Prabu Arjunasasra saha Sang Rêsi Pulastha sami amulang kathah-kathah dhumatêng Dasamuka, kapurih amantunana kalakuanipun ingkang botên prayogi. Dasamuka aprajangji badhe angèstokakên sakathahing wulang wau. Anuntên Rêsi Pulastha kèndêl, saha angêningakên [a ...]

--- 192 ---

[... ngêningakên] tingal, botên antawis dangu lajêng jawah, sakathahing manungsa tuwin danawa, punapadene kapal gajah sapanunggilanipun, ingkang sampun sami pêjah wontên ing paprangan, sarêng kajawahan, lajêng sami gêsang sadaya, adadosakên suka pirênaning galihipun Prabu Arjunasasra. Anuntên Sang Rêsi Pulastha pamitan dhumatêng sang nata, mantuk dhatêng ing suralaya.

Samantukipun Sang Rêsi Pulastha Prabu Arjunasasra kondur sabalanipun dhumatêng nagari ing Maispati. Prabu Dasamuka badhe andhèrèkakêd,[16] ananging Prabu Arjunasasra botên parêng. Dasamuka kadhawahan mantuk dhatêng Ngalêngka, saha kalulusakên ênggènipun jumênêng ratu.

--- [193] ---

 


kakintên. (kembali)
wau. (kembali)
inggih. (kembali)
lajêng. (kembali)
mindhak. (kembali)
judhêg. (kembali)
dunya. (kembali)
pamondhokan. (kembali)
manèh. (kembali)
10 Maispati. (kembali)
11 angèngingi. (kembali)
12 dipun rante. (kembali)
13 kacêpêng. (kembali)
14 angèngêtakên. (kembali)
15 dewa. (kembali)
16 andhèrèkakên. (kembali)