Punika Pêthikan Sêrat Jawi, Kats, 1953, #1304 (Hlm. 193-320)

JudulCitra

Gancaring Cariyos Rama

--- [194] ---

...

--- 195 ---

Ing nagari Ngayodya wontên ingkang jumênêng ratu, ajajuluk Dhasarata, sudibya saha mungkul dhatêng ing agami, putus dhatêng ing sastra, tuwin dhatêng sawarnining kawruh, asih dhatêng para abdinipun, ingkang tan pêgat asring kaganjar. Wondening ingkang kagalih amung isarat, ingkang kenging andadosakên karaharjaning nagarinipun. Sang nata kagungan garwa tiga, anama Dèwi Ragu utawi Sukosalya, kalih Dèwi Sumitra, tiga Dèwi Kekayi. Prabu Dhasarata botên kagungan putra, saha sangêt kapengenipun apaputra kakung, ingkang katitisan ing Bathara Wisnu. Lajêng animbali pandhita satunggil, anama Bagawan Wasistha, kakarsakakên ambudi isarat kasêmbadaning puji sagêdipun apaputra kakung. Pamrayoginipun Bagawan Wasistha, sang nata asidhêkaha dhumatêng para dewa, inggih punika ingkang minăngka isarat kadugèning karsanipun sang prabu. Pirêmbagipun Bagawan Wasistha makatên wau lajêng linampahan.

Lami-lami garwa tatiga wau sami ambobot. Ingkang ambabar rumiyin Dèwi Sukosalya, [Suko ...]

--- 196 ---

[... salya,] miyos kakung, kaparingan nama Rama. Anuntên Dèwi Kekayi ambabar kakung, kaparingan nama Brata, lajêng Dèwi Sumitra apaputra kakung, kaparingan nama Laksmana. Botên antawis lami Dèwi Sumitra wau ambabar malih kakung, kaparingan nama Masatrugna.

Rajaputra sakawan wau sasampuning diwasa, ajêng kapasrahakên dhumatêng Bagawan Wasistha, supados kawulanga ing sawarnining kawruh, saha kadigdayan tuwin lampah-lampahing pêrang. Sarêng sampun sami putus dhatêng ing ngèlmi ingkang winulangakên sadaya, lajêng kabêkta kondur dhumatêng kadhatonipun ingkang rama. Wontên ing ngriku putra sakawan wau komuk ing kawignyan saha kadigdayanipun.

Kacariyos wontên êmpuning para pandhita, anama Bagawan Yogiswara, akalihan Bagawan Mitra, sami sowan anyuwun pitulung dhumatêng Prabu Dhasarata, amargi pratapanipun karêsahan ing danawa, balanipun Prabu Dasamuka ing Ngalêngka. Panyuwunipun pandhita kêkalih wau, putranipun sang nata ingkang nama Rama kaparingna, [kaparing ...]

--- 197 ---

[... na,] supados anyirnakna sawarnining danawa ingkang angrêsahi wau. Ing ngajêng sang nata botên parêng, awit putranipun kagalih taksih katimurên, dèrèng kuwawi mêngsah danawa. Ananging sarêng pandhita kêkalih wau anyêrêpakên ing wajibing ratu, amitulungi ing kasusahan, sang prabu lajêng parêng, putranipun ingkang nama Rama kabêktakakên dhatêng pandhita kêkalih wau, Radèn Laksmana tumut dhatêng ingkang raka.

Sadhatêngipun ing rêdi pratapanipun sang pandhita kêkalih wau, sakathahing pandhita ingkang adhadhepok wontên ing ngriku sami suka bingah, sarta amamulang ing sawarnining ngèlmi dibya dhumatêng Rama akalihan Laksmana punapadene sami anyaosi jêmparing. Anuntên sakathahing danawa ingkang angrêsahi pratapan, sami katumpês dening raja putra kêkalih, namung satunggil anama Marica ingkang botên pêjah, katut kabêkta jêmparing braja, dhawah wontên pinggiring sagantên. Ing mangke sampun sirna raribêdipun para pandhita ingkang adhadhepok wontên ing rêdi wau.

--- 198 ---

Sasirnanipun danawa ingkang sami angrêrêsahi pratapan, para pandhita amirêmbagi dhumatêng Rama, kapurih lumampaha dhumatêng nagari ing Mantili, ingkang dipun ratoni dhumatêng Prabu Janaka, punika kagungan putra èstri satunggil, ayu tanpa sisihan, anama Dèwi Sinta. Sampun kathah para ratu tuwin para satriya ingkang sami nglamar, nanging Dèwi Sinta anampik. Ewadèntên sang dèwi karsa ugi akrama, manawi wontêna ingkang kuwawi mênthang gandhewa wasiyat saking Sang Hyang Girinata, ingkang dumunung wontên ing kadhatonipun ingkang rama. Inggih ugi sampun kathah para radhu[1] tuwin para satriya ingkang ngayoni badhe mênthang gandhewa wau, ananging botên wontên ingkang kuwawi, mila Rama kapurih dhumatênga ing Mantili, awit kagalih kuwawi amênthang gandhewa wau, sarta badhe anggarwa Dèwi Sinta.

Rama angèstokakên pitêdahipun para pandhita, lajêng lumampah dhatêng nagari ing Mantili, akalihan ingkang rayi radèn Laksmana. Sadhatêngipun ing Mantili, tumuntên kauningan ing

--- 199 ---

Sang Prabu Janaka, yèn wontên tiyang kêkalih dhatêng, badhe angayoni mênthang gandhewa dibya. Sarêng satriya kêkalih sampun kasowanakên ing ngarsanipun Prabu Janaka, sang nata lajêng amaringakên gandhewa dibya dhumatêng Rama. Gandhewa pinênthang dhumatêng Rama lajêng tikêl, andadosakên gumunipun ingkang sami aningali sadaya.

Sasampuning Prabu Janaka sumêrêp, yèn Rama akalihan Laksmana sami putranipun Prabu Dhasarata ing Ngayodya, enggal anglampahakên utusan dhumatêng ing Ngayodya, angaturi Prabu Dhasarata, supados anjênêngana pikramènipun Rama angsal Dèwi Sinta. Prabu Dhasarata lajêng bidhal dhatêng ing Mantili. Sarêng Rama sampun kadhaupakên akalihan Dèwi Sinta. Prabu Dhasarata pamit dhumatêng Prabu Janaka, kondur dhumatêng ing Ngayodya, putra sakalihan saha putra mantu sami andhèrèk.

Anuntên wontên pandhita agêng inggil mêdal saking wana, anama Bagawan Jamadagni utawi Rama Bargawa, ambêkta gandhewa satunggil, agêngipun [agêng ...]

--- 200 ---

[... ipun] sauwiting tal, amurugi dhumatêng Rama, kapurih amênthanga gandhewanipun wau. Yèn Rama kuwawi amêthang, Bagawan Jamadagni narimah yèn kawastanana kawon dening Rama, bilih botên kuwawi amênthang, Rama narimaha kawastanan kasoran dening sang pandhita. Gandhewa katampèn dhumatêng Rama, kapênthang lajêng tikêl, andadosakên kagèt saha eramipun sang pandhita. Anuntên Bagawan Jamadagni sumêngka pangawak braja, anunggil para dewa ing suralaya. Prabu Dhasarata andumugèkakên lampah, rawuh ing nagari Ngayodya.

Prabu Dhasarata lajêng kagungan karsa, badhe asèlèh kaprabon dhumatêng putranipun ingkang nama Rama, kasupèn yèn ingkang wau sampun aprajangji dhumatêng Dèwi Kekayi, sadèrèngipun kagarwa, prajangjinipun, ingkang manawi Dèwi Kekayi apaputra kakung akalihan sang nata, punika ingkang badhe kagêntosakên dados ratu. Sarêng Rama kajumênêngakên ratu, Dèwi Kekayi angundhat-undhat saha anagih prajangji dhumatêng sang nata, anyuwun pangangkatipun Radèn [Ra ...]

--- 201 ---

[... dèn] Brata, angasta kaprabon ing Ngayodya, saha anyuwun kesahipun Rama saking nagari. Prabu Dhasarata sangêt prihatos ing galih, amidhangêtakên aturipun ingkang garwa wau, ewadèntên inggih anuruti panyuwunipun, Radèn Brata kajumênêngakên ratu, Rama kadhawahan kesah saking nagari, sang nata saking sêngkêling galih, adalêm wontên patamananipun ing kadhaton.

Rama angèstokakên dhawahipun ingkang rama, lajêng kesah saking nagari, akalihan ingkang garwa, Radèn Laksmana andhèrèk, lampahipun anjujug ing wana agêng, para abdi ing Ngayodya kathah ingkang sami andhèrèk. Dumugi ing dalu sami lêrêb wontên ing wana. Sarêng lingsir dalu, sarta para abdi ingkang adhèrèk wau sampun sami tilêm sadaya, Rama lolos saking wana. Akalihan Dèwi Sinta, punapadene Radèn Laksmana, sarêng enjing para abdi sami angupadosi, ananging botên pinanggih, lajêng sami wangsul dhatêng ing nagari.

--- 202 ---

Prabu Dhasarata ing sakesahipun ingkang putra, botên kuwawi anandhang prihatosing galih, lajêng seda. Sasampuning layon karêsikan saha kabêsmi, Radèn Brata angundhat-undhat dhatêng ibu, awit dados jalaraning sedanipun ingkang rama. Radèn Brata botên karsa jumênêng ratu, lajêng tindak dhumatêng wana, sumêdya angupadosi ingkang raka, badhe kaaturan jumênêng ratu. Sarêng srêngenge sêrap, lampahipun dumugi ing pratapanipun pandhita satunggil. Wontên ing ngriku nyare sadalu, sarta amundhut pitêdah dhatêng sang pandhita, mênggah panggenanipun ingkang raka, atur wangsulanipun sang tapa, yèn Rama wontên ing rêdi Kutharunggu, apuruhita dhatêng pandhita linuwih.

Enjing Radèn Brata mangkat saking pratapan, anjujug rêdi ing Kutharunggu, kapanggih akalihan ingkang raka. Sasampuning amratelakakên bab sedaning rama, ingkang raka lajêng kaaturan kondur, sarta jumênêng ratu wontên nagari ing Ngayodya. Nanging Rama anampik aturing rayi, malah ingkang rayi kapurih kondura, saha

--- 203 ---

angastaa kaprabon. Radèn Brata ajrih mopo ing rèhipun sadhèrèk sêpuh. Sarêng sampun kawulang dhumatêng Rama pratikêlipun jumênêng ratu, Radèn Brata lajêng kondur dhumatêng nagari ing Ngayodya, saha angasta kaprabon.

Sakonduripun Radèn Brata, Rama akalihan ingkang garwa tuwin Radèn Laksmana, sami têdhak saking rêdi ing Kutharunggu, sumêdya dhatêng rêdi ing Dhandhaka. Wontên ing margi kapêthuk akalihan danawa agêng, anama Wiradha, panunggilaning balanipun Prabu Dasamuka ing Ngalêngka, damêlipun asring amamêjahi, punapadene angarubiru dhumatêng para pandhita, pun Wiradha wau lajêng dipun pêjahi dhumatêng Rama.

Rama andumugèkakên lampah, angampiri pratapaning pandhita satunggil, anama Bagawan Yoga. Sang Bagawan Yoga wau anggènipun tapa alit mila, ingkang tinêdha ing tapa, icaling sakathahing lampah rêsah ingkang saking pandamêlipun Prabu Dasamuka ing Ngalêngka, ingkang adamêl kasusahanipun ing sabumi. Bagawan Yoga wau amêthuk rawuhipun Rama, sarta agadhah pitêdah,

--- 204 ---

Rama kapurih dhumatênga ing dhepokipun pandhita, ingkang anama Sutiksna. Sasampuning amituturi, Bagawan Yoga lajêng obong.

Rama sakalangkung ngungun aningali sang pandhita obong, tumuntên andumugèkakên lampah, kèndêl wontên ing dhepokipun Sang Pandhita Sutiksna. Wontên ing ngriku anggaguru ngèlmi ngantos lami. Sarêng sampun anyakêp sakathahipun ingkang winulangakên, Rama lajêng pamit dhatêng sang pandhita, alumampah malih, anggêr wontên pratapan dipun kèndêli. Sasampuning apuruhita dhatêng para pandhita ingkang sami tapa, lajêng andumugèkakên lampah, wusana rawuh ing rêdi Dhandhaka, andadosakên suka bingahipun para pandhita ingkang sami tapa wontên ing rêdi Dhandhaka wau, amargi pratapanipun asring dipun rêsahi ing danawa, anamtokakên yèn raja putra kêkalih sagêd anyirnakakên raribêdipun.

Kacariyos wontên danawa èstri, sadhèrèkipun ênèm Prabu Dasamuka ing Ngalêngka, awasta Sarpakanaka, punika kautus dhumatêng

--- 205 ---

kang raka wau, amariksani rêdi ing Dhandhaka. Sadumuginipun ing rêdi wau, aningali Rama akalihan ingkang garwa, punapadene Laksmana. Sarpakanaka kasmaran dhatêng Laksmana, lajêng amalih warni èstri ayu, supados karêmênana, ananging Laksmana anampik, Sarpakanaka kapurih sowana dhumatêng Rama, inggih ugi linampahan. Nanging Rama inggih anampik. Sarpakanaka tumuntên wangsul dhatêng panggenanipun Laksmana, sarta anggodha, angangkah dipun rêmênana. Laksmana duka salêbêting galih, lajêng anyandhak irungipun Sarpakanaka, pinuntir pêgat. Sarpakanaka ngêrik sarta nangis. Lajêng mumbul saha sasumbar badhe apratela dhumatêng ingkang jalêr danawa kêkalih, awasta Trimurda akalihan Karadusana. Danawa kêkalih wau sarêng dipun wartosi dhatêng Sarpakanaka yèn sinikara dhatêng Laksmana, lajêng sami mangkat dhatêng rêdi ing Dhandhaka, angirid bala danawa kathahipun salêksa. Sadhatêngipun ing Dhandhaka, sakathahing danawa wau tumpês dening Rama akalihan Laksmana.

--- 206 ---

Sasirnanipun danawa wau sadaya, Sarpakanaka lumampah dhumatêng nagari ing Ngalêngka, badhe angunjuki uninga dhumatêng ingkang raka, ingkang ajajuluk Dasamuka utawi Rawana. Prabu Dasamuka wau putranipun Bagawan Wisrawa, sadhèrèkipun tatiga, kakung kêkalih, èstri satunggil, ingkang kakung nama Kumbakarna akalihan Wibisana, ingkang èstri Sarpakanaka wau. Kumbakarna akalihan Sarpakanaka sami awarni danawa, Wibisana awarni manungsa. Sarpakanaka sadhatênge ing ngarsanipun ingkang raka, lajêng apratela bab tumpêsing bala danawa dening Rama saha Laksamana, punapadene ênggènipun karisak sipatipun dening Laksama, sarta anyariyosi yèn Rama kagungan garwa ayu tanpa timbang, pantês kagarwaa dhumatêng Prabu Dasamuka.

Prabu Dasamuka sakalangkung duka amidhangêtakên pratelanipun ingkang rayi. Sasampuning anyakecani manahipun ingkang rayi, lajêng tindak dhumatêng rêdi ing Dhandhaka, sumêdya malês dhumatêng Rama. Wontên ing margi angampiri dhangkaning abdinipun danawa ingkang nama Marica. Sarêng sampun [sampu ...]

--- 207 ---

[... n] anyêrêpakên ingkang dados karsanipun, Marica kadhawahan andhèrèk. Marica sangêt mambêng ing karsanipun Prabu Dasamuka, sarta angaturakên cariyos bab kadigdayanipun Rama akalihan Laksmana. Aturipun Marica botên kadhahar, malah andadosakên dukanipun. Marica badhe kapêjahan. Enggal anyungkêmi padanipun sang nata, rumojong ing sakarsa, saha sagah amalih warni kidang ingkang awulu êmas, badhe anglalèdhèk dhumatêng Rama akalihan Laksmana, kapurih kesaha saking panggenanipun dadunung, supados Dèwi Sinta kantuna piyambak, saha kenginga kadhustha dhumatêng sang nata. Prabu Dasamuka parêng aturipun Marica makatên wau, lajêng tindak dhumatêng ing Dhandhaka, Marica andhèrèk awarni kidang.

Sarawuhipun ing Dhandhaka Prabu Dasamuka ampingan kajêng agêng, Marica ingkang amindha warni kidang galibêdan cakêt ing dhepokipun Rama. Dèwi Sinta aningali sangêt kayungyunipun dhatêng kidang wau, ingkang raka lajêng dipun aturi nyêpêng. Rama anuruti, Laksmana katilar wontên ing

--- 208 ---

dhepok, arumêksa Dèwi Sinta. Kidang kaêtutakên lampahipun angantos têbih, tansah angonyati[2] kemawon. Dangu-dangu andadosakên panasing galihipun Rama, lajêng dipun lêpasi jêmparing kenging, ungêling kidang kalanipun kenging jêmparing, pamirêngipun Dèwi Sinta kados Rama asêsambat nêdha tulung dhatêng Laksmana. Laksmana lajêng kapurih anulungana, ananging botên purun, awit sumêrêp yèna[3] ungêling kidang ingkang kenging ing jêmparing. Pamoponipun Laksmana andadosakên rêngating galihipun Dèwi Sinta ngantos kawiyos pangandikanipun gangsul dhumatêng Laksmana, dados kapêksa kesah, anusul ingkang raka.

Sakesahipun Laksmana, Dasamuka amindha-mindha ajar, amurugi Dèwi Sinta, kacêpêng lajêng kabêkta mumbul. Prabu Dhasarata kagungan sadherekan ratuning pêksi anama Jathayu, punika mirêng pamuwun saha sêsambatipun Dèwi Sinta wontên ing awang-awang, lajêng anututi sumêdya atatulung, kapanggih akalihan Dasamuka,

--- 209 ---

ngantos apăncakara, ananging Jathayu kawon, Dèwi Sinta siyos kabêkta dhatêng Prabu Dasamuka, dumugi nagari Ngalêngka kadunungakên wontên ing patamanan salêbêting kadhaton. Ananging Dèwi Sinta sangêt ewanipun dhumatêng Prabu Dasamuka.

Sawangsulipun Rama ambêkta kidang ingkang sampun pêjah kajêmparing wau, kapêthuk akalihan Laksmana, dipun dangu sababipun anusul. Laksmana amangsuli ingkang dados pandangu, anuntên Rama kondur dhatêng dhepokipun. Dèwi Sinta pinanggih botên wontên. Sangêt andadosakên rêdatosing galihipun Rama, lajêng angupadosi, ananging botên pikantuk lari. Sadangunipun analasah ayalihan[4] Laksmana, Rama aningali pêksi agêng kados rêdi ngandhuruk wontên ing siti, suwiwinipun ical sasisih, inggih punika Jathayu ingkang kawon pêrang akalihan Prabu Dasamuka. Panggalihipun Rama, inggih pêksi wau ingkang andhustha Dèwi Sinta, lajêng badhe dipun lêpasi jêmparing. Jathayu sarêng sumêrêp yèn badhe

--- 210 ---

dipun jêmparing, enggal matur dhumatêng Rama, analarakên sakathahing lampah, kalanipun tanglêd akalihan Dasamuka, saking ênggènipun badhe angrêbat Dèwi Sinta. Sasampuning têlas cariyosipun, Jathayu lajêng pêjah. Rama agêng panarimah ing galih dhumatêng Jathayu, amargi saking mantêpipun amamitran kalihan Prabu Dasarata, ngantos awadal umuripun, saking ênggènipun sumêdya angrêbat Dèwi Sinta. Bathanging pêksi lajêng dipun saèni saha kabêsmi.

Sasampuning ambêsmi bathang pêksi wau, Rama akalilan Laksmana lumampah malih, aningali danawa tanganipun panjang, anama Dirgabau. Raja putra kêkalih lajêng angunus curiga, tanganing danawa tinigas tugêl, danawa wau lajêng malih warni bagus, cahyanipun kados srêngenge, kacariyos dhatêng Rama, yèn waunipun dewa, anama Bathara Sri, mila warni danawa, awit anglangkahi wêwayanganipun Bathara Guru. Bathara Sri lajêng anyêrêpakên dhumatêng Rama yèn Dèwi Sinta kadhustha dhatêng Dasamuka, ratu ing Ngalêngka, sarta ing têmbe Rama badhe kapanggih malih

--- 211 ---

akalihan ingkang garwa, kalih dening malih Rama kapurih atatulunga dhumatêng ratuning kêthèk, anama Sugriwa, ingkang akadhaton ing guwa Kiskêndha.

__________

Kacariyos Rama, ingkang masanggrahan wontên ing rêdi Suwela, apirêmbagan akalihan para punggawa kêthèk. Mênggah prayoginipun ingkang linampahan. Pamrayoginipun Rama badhe angantêp karsanipun Prabu Dasamuka, punapa ingkang katartamtokakên, anyiosakên pêrang utawi bêdhami lajêng amangsulakên Dèwi Sinta. Wondening ingkang pinilih lumampah dhumatêng Ngalêngka, sowan ing ngarsanipun Prabu Dasamuka, putranipun Prabu Subali ingkang sampun seda, anama Anggada. Anggada sarêng sampun anampèni dhawah, enggal mangkat dhumatêng Ngalêngka, sowan ing ngarsanipun Prabu Dasamuka, saha amratelakakên lampahipun kautus wau. Prabu Dasamuka kêkah botên karsa amangsulakên Dèwi Sinta, amilalah

--- 212 ---

pêrang akalihan Rama. Anggada lajêng wangsul dhatêng rêdi Suwela, angaturakên angsal-angsale ênggènipun kautus. Rama lajêng andhawahakên parentah, angêrig bala kêthèk, kakarsakakên sami apradandosan badhe pêrang. Ing saunduripun Anggada saking ngarsanipun Prabu Dasamuka, sang nata inggih andhawahakên parentah, amêpak bala danawa, amirantosa dêdamêling pêrang.

Bala ing Ngalêngka sampun sami pacak baris wontên ing sajawining kitha. Rama lajêng bidhal saking rêdi Suwela, badhe anglurugi nagari ing Ngalêngka, sawarnining kêthèk sami ambêdholi wit-witan, sawênèh mêndhêt sela tuwin ambêdholi rêdi, punika sadaya badhe minăngka dêdamêlipun. Pangangsêgipun bala kêthèk sampun dumugi sajawinipun kitha ing Ngalêngka, kitha sampun kêmput kinêpang ing balanipun Rama. Anuntên Prabu Sugriwa andhawahakên parentah dhumatêng para punggawa, têrang saking karsanipun Rama, botên kalilan amiwiti pêrang, angêntosana panêmpuhipun bala danawa.

--- 213 ---

Sarêng Prabu Dasamuka midhangêt pawartos, yèn mêngsah sampun angêpang kitha, lajêng andhawahakên parentah anêmpuh ing pêrang, arame tanglêdipun danawa akalihan kêthèk, kathah danawa tuwin kêthèk ingkang pêjah. Dangu-dangu bala kêthèk sami alit manahipun, aningali kancanipun kathah pêjah, lajêng sami bibar. Prabu Sugriwa sarêng sumêrêp yèn bala kêthèk kaplajêng, lajêng andhawahakên parentah dhudhatêng[5]

Anoman, Anala, saha Anila, kapurih ambiyantonana ingkang sami kaplajêng wau. Anuntên punggawa tatiga wau sami lumampah, amamurun dhumatêng kêthèk ingkang sami kaplajêng. Botên antawis dangu mêdal malih kapurunanipun, lajêng wangsul saha tanglêd malih akalihan danawa. Anoman akalihan Anala, punapadene Anila, ambiyantoni, danawa kawon, sarta kathah ingkang pêjah. Sakawonipun bala danawa, gajahipun Prabu Dasamuka kaangsahakên ing pêrang, kathah angsalipun papêjah kêthèk alit-alit. Prabu Sugriwa tumumtên aparentah dhumatêng punggawa kêthèk, amêthukakên [amêthuka ...]

--- 214 ---

[... kên] pangamuking gajah, rame tanglêding gajah akalihan kêthèk. Wusananipun gajah kawon, sinêmpal-sêmpal ing kêthèk kathah, anuntên ingkang sami pêrang kasaput ing dalu, lajêng sami mundur dhumatêng pasanggrahanipun piyambak.

Sarêng enjing wiwit sami pêrang malih, anuntên wontên punggawa danawa satunggil, agêng saha inggil sampun prasasat rêdi, anama Prajăngga, amêdali ing paprangan, angangge limpung, bala-bala kêthèk sami gawok aningali, wondening ingkang amêthukakên Prajăngga wau, punggawa kêthèk ingkang nama Sampati, dêdamêlipun kajêng sagodhongipun. Rame pêrangipun akalihan Prajăngga, wusana Prajăngga pêjah kadhawahan kajêng dhumatêng Sampati. Anuntên wontên danawa kêkalih sami sadhèrèk, anama Puthadaksi, akalihan Pratapanaksi. Sarêng aningali yèn Prajăngga pêjah, enggal majêng dhatêng ing paprangan. Saha amamêjahi kêthèk alit-alit, isarat latu ingkang mêdal saking mripatipun. Prabu Sugriwa sarêng aningali yèn balanipun kathah ingkang kabêsmi [ka ...]

--- 215 ---

[... bêsmi] dening latu wau, lajêng adhêdhawah dhumatêng punggawa kêthèk, ingkang anama Anala, kapurih amêthukna danawa kêkalih wau, Anala anglêksanani, sasampuning tanglêd rame, Puthadaksi akalihan Pratapanaksi sami pêjah dening Anala, ing awang-awang kathah para dewa ingkang aningali pêrang, sami sangêt suka bingahipun, ing sapêjahipun danawa kêkalih wau, lajêng sami anjawahakên sêkar, sarta sanèsipun ingkang wangi-wangi, anuntên danawa ingkang awasta Jambumangli majêng ing paprangan, anyêpêng Nanggala, kapêthukakên dhatêng Anoman sarwi angindhit rêsi, rêdi kabandhêmakên, Jambumangli kenging lajêng pêjah. Sapêjahipun Jambumangli, danawa gagêdhugipun ing Ngalêngka ingkang majêng ing paprangan, anama Mintragna, dêdamêlipun limpung, Wibisana ingkang amêthukakên, Mintragna kagada pêjah.

Prabu Sugriwa amêdali pêrang, pangamukipun anggêgirisi, kathah punggawa danawa ingkang sami pêjah dening Sugriwa, anuntên punggawa danawa ingkang nama Bajramusthi majêng, dêdamêlipun limpung kapêthukakên dhumatêng punggawa kêthèk, ingkang awasta [a ...]

--- 216 ---

[... wasta] Arimenda, arame pêrangipun. Wusana Bajramusthi kapulir gulunipun lajêng pêjah. Sapêjahipun Bajramusthi, anakipun Kumbakarna majêng, anama Aswanikumba, kapêthukakên dhatêng Anila, sasampuning tanglêd dangu, Aswanikumba pêjah, amargi kapuntir gulunipun, anuntên danawa ingkang wasta Anipraba mêdali, atandhing pêrang akalihan kêthèk ingkang nama Druwenda, dêdamêlipun kajêng tal. Anipraba pêjah dening Druwenda. Sapêjahipun Anipraba, Wirupaksa ingkang amêdali, atandhing pêrang akalihan Laksmana, Wirupaksa pêjah amargi dipun jêmparing. Anuntên Radèn Indrajit numpak rata, amêdali pêrang, kapêthukakên dhumatêng Anggada, dêdamêlipun kajêng agêng, ratanipun Radèn Indrajit rêmuk kasabêt ing kajêng dening Anggada, sangêt andadosakên wirangipun. Lajêng mundur saking paprangan. Lumêbêt dhatêng ing sanggar pamêlêngan, ananêdha ing dewa, sagêda unggul ing pêrang.

Saunduripun Indrajit amêmuja wontên ing sanggar pamêlêngan, Rama wêlas aningali bala kêthèk. Amargi kathah pêjah dening danawa,

--- 217 ---

lajêng anglêpasakên jêmparing, punika amêdalakên jêmparing kathah tanpa wicalan, angèngingi bala danawa, kathah ingkang pêjah, andadosakên girisipun ingkang kathah-kathah, lajêng sami bibar, angungsi dhatêng salêbêting kitha, kita[6] lajêng kinêpang ing bala kêthèk.

Anggènipun sêmadi Radèn Indrajit ngantos sêrap. Sarêng sampun dalu lajêng mêdal saking sanggar pamêlêngan, anglêpasakên jêmparing naga, anama nagapasa, sakala ing awang-awang kaèbêkan dening swara kados gêlap. Adamêl kagètipun bala kêthèk. Anuntên jêmsaring[7] ingkang kalêpasakên wau, amêdalakên naga agêng-agêng tanpa wicalan, sami amulêt sakathahing bala kêthèk, dalasan Rama akalihan Laksmana inggih kapulêt, sadaya sami rêbah, saha sirna karosanipun, Wibisana kagèt aningali ingkang sami kenging ing bilai, saha sumêrêp yèn punika pandamêlipun Indrajit, lajêng mêdal sarwi anyangking gandhewa, Indrajit sumêrêp, enggal lumajêng lumêbêt ing kadhaton, sowan ing ngarsanipun ingkang

--- 218 ---

Rama, saha angunjuki uninga, yèn Rama akalihan Laksmana sabalanipun sampun kapulêt ing naga. Prabu Dasamuka sarêng midhangêt pratelaning putra, sakalangkung suka pirêna ing galih, ingkang putra dipun rangkul, sang nata lajêng anggêganjar dhumatêng balanipun.

Anuntên Dèwi Sinta akalihan Dèwi Trijatha sami nitih wimana, badhe sumêrêp ing jawi kitha, sarêng Dèwi Sinta aningali saking katêbihan, yèn Rama saha Laksmana sabalanipun sami kapulêt ing naga, sarta sampun prasasat pêjah, lajêng kantu dhawah saking wimana, Dèwi Trijatha kagèt saha amuwun sangêt. Dèwi Sinta enggal kabêkta wangsul dhumatêng ing taman soka, wontên ing ngriku èngêt, lajêng sumêdya suduk sarira, ananging Dèwi Trijatha anggendholi, sarwi angasrêpi galihipun Dèwi Sinta, anamtokakên yèn Rama botên ngantos dhumatêng ing seda, awit kalanipun Anoman anggêmpur ing taman soka, inggih kapulêt ing naga, dene botên ngantos pêjah malah ambêsmi kadhaton ing Ngalêngka, sasampuning nyakecani [nyake ...]

--- 219 ---

[... cani] makatên, Dèwi Trijatha lajêng nyuwun lilahipun Dèwi Sinta, badhe sowan ing ngarsanipun ingkang rama, saha matur pitakèn, mênggah bilai ingkang pinanggih ing Rama akalihan Laksmana, punapa ngantos andadosakên sedanipun, utawi botên. Dèwi Sinta parêng, Trijatha lajêng mangkat, mêdal ing awang-awang. Sadhatênge ing panggenanipun ingkang rama, lajêng matur pitakèn mênggah ingkang dados papêsthènipun Rama akalihan Laksmana, wangsulanipun Wibisana, Rama botên ngantos dhumatêng ing seda, yèn ngantosa seda, amasthi bumi akalihan langit tumut sirna, mila Dèwi Sinta anyirnakna prihatosing galih, anamtokna ing dalêm batos yèn Rama badhe unggul ing pêrang. Dèwi Trijatha sasampune kasêrêpakên dhumatêng ingkang rama, lajêng wangsul dhumatêng taman soka, sakathahing pangandikanipun ingkang rama kapratelakakên dhumatêng Dèwi Sinta, Dèwi Sinta sarêng midhangêt aturipun Dèwi Trijatha, lajêng lêjar, saha sirna prihatosing galih.

--- 220 ---

Wibisana sowan ing ngarsanipun Rama, amratelakakên sakathahing aturipun Dèwi Trijatha, Rama sangêt ngêrês ing galih amidhangêtakên. Wusana angandika dhumatêng Sugriwa, Anggada, saha Anoman. Sarèhning sariranipun amanggih bilai prasasat sampun pêjah, sami kapurih mantuka dhumatêng ing guwa Kiskêndha, sampun ngantos anglabuhi bilainipun. Ananging Sugriwa Anggada tuwin Anoman botên purun, aturipun: Sanajan dumugia ing pêjah, botên nêdya pisah akalihan Rama. Sakèndêlipun aturipun Prabu Sugriwa, Anggada tuwin Anoman, Rama lajêng amêmuja salêbêting galih, botên antawis dangu para dewa ing suralaya sami tumêdhak dhumatêng panggenanipun Rama, saha anggunggung kasêktènipun Rama, punapadene angèngêtakên yèn Rama titisipun Bathara Wisnu, amasthi sagêd anyirnakakên bilai, ingkang pinanggih ing sariranipun, tuwin ing bala kêthèk sadaya, sasampuning pitutur makatên, para dewa ingkang jibêg wontên ing awang-awang, sami anjawahakên sêkar, sarta sanèsipun [sa ...]

--- 221 ---

[... nèsipun] ingkang wangi-wangi, botên antawis dangu wontên angin agêng dhatêng, sakathahing naga ingkang anggubêd Rama saha Laksmana, tuwin bala kêthèk, sami kasingsal katêmpuh ing angin, kados upamine dipun tatasi, sasirnaning naga, sawarnining kêthèk sami bingah-bingah, mêdal malih kapurunanipun, sami asurak-surak, lajêng angêpang kitha ing Ngalêngka, Prabu Dasamuka kagèt amidhangêt swaraning surakipun bala kêthèk, enggal utusan amariksa, sarêng sumêrêp saking pratelaning utusan, yèn naga ingkang mulêt mêngsah sampun sirna sadaya, saha bala kêthèk ingkang angwontênakên swara wau, punapadene kitha sampun kêmput kinêpang ing mêngsah, Prabu Dasamuka sangêt prihatos ing galih, anyipta badhe asor pêrangipun, ewadene kêkah karsanipun, amilalah seda ing paprangan akalihan nungkul dhumatêng Rama. Sarêng sampun kêkah ing cipta badhe anglabuhi nagarinipun, sang nata amarentahi punggawa danawa satunggil, anama Dumraksa, kakarsakakên amêdali ing paprangan.

--- 222 ---

Dumraksa enggal amêpak bala danawa tanpa wicalan, lajêng anumpak rata, angangge dêdamêl limpung, bidhal dhatêng sajawining kitha, wontên ing ngriku balanipun anêmpuh mêngsah, tandangipun bala kêthèk sami ambudi pêjah, botên antawis dangu bala danawa kawon, sarta kathah ingkang pêjah, sarêng Dumraksa aningali, yèn bala danawa sami kasoran, enggal majêng angamuk, pintên-pintên kathahing kêthèk ingkang pêjah dening pangamukipun. Anuntên Anoman atatulung, sarwi amandhi sela, agêngipun sarêdi, Dumraksa lajêng mêdhun saking rata, tanglêd akalihan Anoman, wusana Dumraksa kawon, pêjah kabanting ing sela. Sapêjahipun Dumraksa, sakankuning[8] balanipun sami kaplajêng sadaya, wangsul dhumatêng ing kitha, angunjuki uninga dhumatêng Prabu Dasamuka, yèn Dumraksa sampun pêjah ing paprangan. Sang nata ngungun ing galih, lajêng animbali punggawa danawa gagêdhug, anama Kampana, kadhawahan amêdali ing paprangan, Kampana enggal anindhihi bala, mêdal dhatêng sajawining kitha, [ki ...]

--- 223 ---

[... tha,] atandhing pêrang akalihan Anoman, ananging kawon. Pêjah amargi dipun antêbi rêdi, anuntên balanipun sami lumajêng dhatêng ing kitha, angunjuki uninga ing sang prabu, yèn Kampana sampun pêjah, Prabu Dasamuka sakalangkung prihatos ing galih, bab pêjahipun Kampana, dangu botên sagêd ngandika, wusana andhawahakên parentah animbali pêpatihipun, ingkang anama Prahasta. Sasampuning sowan ing ngarsa, sang nata awêwartos, yèn punggawa danawa gagêdhug sampun kathah ingkang pêjah dening kêthèk, mila kyai patih kakarsakakên amêdali ing paprangan, Patih Prahasta anyandikani, mundur saking ngarsanipun sang prabu, lajêng mantuk badhe amuja sêmadi. Sasampuning asêmadi, enggal angêrig balanipun. Lajêng amêdali ing paprangan, pintên-pintên kathahing kêthèk ingkang tumpês dening limpungipun Patih Prahasta. Sarêng Prabu Sugriwa aningali, yèn bala kêthèk kawon, saha kathah ingkang pêjah, enggal aparentah dhumatêng punggawa kêthèk, ingkang awasta Anila, kapurih amêthukna pêrangipun Patih [Pa ...]

--- 224 ---

[... tih] Prahasta, Anila anyandikani, lajêng mêdal ing paprangan. Dêdamêlipun kajêng randhu kuning, panjangipun gangsal dhêpa, sadhatêngipun ing paprangan, Patih Prahasta anglêpasakên limpung, ambarubul wêdalipun, angêbyuki dhumatêng Anila, ananging satunggil botên wontên ingkang angèngingi, awit saking wasising panangkisipun. Arame anggènipun sami tanglêd, botên wontên ingkang kasoran. Awit saking sami digdaya, saha wasisipun anangkis dêdamêl ingkang katandukakên, wusana Anila angêmpakakên upayaning pêrang, api-api kawon lajêng angoncati, Patih Prahasta ambujêng ngantos dumugi ing jurang, wontên ing ngriku Anila api-api pêjah, Patih Prahasta taksih tut wingking, anuntên Anila aningali sela cêmêng wontên pinggiring jurang, enggal dipun pêndhêt kabêkta mumbul, kaêntêbakên ing sirahipun Patih Prahasta, kalêrêsan kengingipun, Patih Prahasta lajêng pêjah, balanipun mawur, sami lumêbêt dhumatêng ing kitha, angunjuki uninga dhumatêng Prabu Dasamuka, yèn Patih Prahasta pêjah ing paprangan.

--- 225 ---

Prabu Dasamuka sarêng dipun unjuki uninga, yèn Patih Prahasta pêjah, sakalangkung kagèt, saha maras ing galih, enggal andhawahakên parentah, animbali ingkang rayi Kumbakarna, ingkang sawêg sare, anuntên danawa lêksan sami lumampah dhumatêng panggenanipun Kumbakarna, ambêkta kêndhang bèri saha bêndhe, sadhatênge ing panggenanipun, kêndhang bèri tuwin bêndhe wau sami katabuh, sarta para danawa sami asurak-surak. Punika minăngka pamungunipun Kumbakarna, ananging Kumbakarna botên anglilir, ingkang anggugah sami kakên manahipun. Lajêng amêndhêt dêdamêl, katamakakên ing jêngkunipun Kumbakarna, akathah pratingkahing danawa anggènipun amurih wungunipun. Wontên ingkang anyuduki, sawênèh amupuh, sawênèh andhawahi sela, wontên ingkang ambêkta rata, apangirid kapal. Punapadene ambêkta gajah atusan. Sami kaambahakên ing jajanipun Kumbakarna, ananging Kumbakarna taksih angeca-eca sare, wusana ingkang anggugah sami sayah, saha sêdhih manahipun.

--- 226 ---

dados sami kèndêl anjêtung kemawon. Anuntên wontên danawa sêpuh satunggil, agadhah aji wisikan. Kumbakarna kawisik lajêng wungu, andangu sababipun kawungu, sarêng Kumbakarna sumêrêp saking aturipun para danawa mantri, yèn katimbalan dhumatêng ingkang raka, saha kathah danawa bupati sabalanipun ingkang pêjah, punapadene Patih Prahasta inggih pêjah, Kumbakarna enggal dandos. Sasampuning dhahar, lajêng sowan ing ngarsanipun ingkang raka.

Sarêng Kumbakarna sampun dhatêng ing ngarsanipun ingkang raka, Prabu Dasamuka amartosi bab pêjahipun punggawa danawa, ingkang kawical sêkti, tuwin pêjahipun Patih Prahasta, anggènipun sami pêrangan akalihan kêthèk, Kumbakarna kapurih amêdalana pêrang, anyirnakna Rama akalihan Laksmana sabalanipun. Sasampuning sang nata kèndêl angandika, Kumbakarna lajêng amêlèhakên tindakipun sang nata ingkang botên lêrês, anggènipun botên andhahar aturipun Wibisana, tuwin wêwulanging ibu, punapadene pituturing eyang Bagawan Sumali,

--- 227 ---

mila ing mangke kasusahan ingkang pinanggih, kathah-kathah pangundhat-undhatipun Kumbakarna, amêlèhakên tindak ingkang lêpat, andadosakên dukanipun Prabu Dasamuka, ingkang rayi lajêng katundhung mantuk. Kumbakarna sarêng dipun dukani saha katundhung dhumatêng ingkang raka, lajêng mundur saking ngarsanipun, mêdal dhatêng sajawining kitha, anjujug ing paprangan. Pratingkahipun angajrih-ajrihi, kados Bathara Kala têdhak dhumatêng marcapada, badhe anggêmpur jagad. Panggêronipun kados swaraning gêlap. Napasipun ingkang miyos saking grana kados upaminipun lesus. Akathah wit-witan ingkang sol tuwin sêmpal dening napasipun, bêbujêngan ing wana sami bibar, angungsi ing jurang saha papèrèng, awarni-warni jalajat ingkang katingal, amèngêti dhumatêng Kumbakarna, yèn badhe kasoran ing pêrang, ananging Kumbakarna botên gigrig galihipun, sampun ambudi pêjah. Bala kêthèk sami kagèt, anyana yèn Prabu Dasamuka miyos anyarirani pêrang, lajêng sami angêbyuki, sariranipun Kumbakarna kaèbêkan [kaè ...]

--- 228 ---

[... bêkan] dening kêthèk, kados upaminipun rêdi kinêmulan ing mega, akathah pratingkahing kêthèk anggènipun amurih badhe ngêsorakên Kumbakarna, wontên ingkang angarutug sela, angantêbi rêdi, anyabêt kalihan kajêng agêng, andhupak, tuwin anyokot, ananging sadaya punika botên kadamêl raos dhumatêng Kumbakarna, malah sela tuwin rêdi ingkang dhawah ing sariranipun sami sumyur, wusana bala kêthèk sami sayah, Kumbakarna lajêng malês. Pintên-pintên kathahing kêthèk ingkang pêjah kawênyêd, wontên ingkang kinipatakên, dhawah têbih lajêng pêjah, sawênèh pêjah kasabêtakên ing wêntis. Wontên ingkang sinêmpal-sêmpal, wontên ingkang dipun kêmah-kêmah, sakantunipun sami giris mawur lumajêng ngungsi dhumatêng rêdi Suwela, tuwin dhumatêng ing jurang-jurang.

Anggada sarêng aningali, yèn bala kêthèk sami kaplajêng, enggal mêdal saking pasanggrahan, amurugi ingkang sami kaplajêng wau, akathah-kathah wicantênipun ênggène amamurun. Anuntên sami wangsul malih dhumatêng ing paprangan,

--- 229 ---

angêbyuki Kumbakarna, kabiyantonan dening para bupati kêthèk, ananging botên sagêd angawonakên Kumbakarna, malah sangsaya kathah malih kêthèk ingkang pêjah, anuntên Wibisana matur dhumatêng Rama yèn botên wontên karsanipun Rama anglêpasi jêmparing tumuntên dhumatêng Kumbakarna, amasthi bala kêthèk tumpês sadaya, awit ing jagad tatiga botên wontên ingkang sagêd angêsorakên, dalasan Bathara Endra, tuwin Hyang Baruna punapadene Bathara Yama, botên sagêd anglawan. Sasampuning Wibisana ngandika makatên, Prabu Sugriwa lajêng amêdali pêrang, arame tanglêdipun, akalihan Kumbakarna, sami digdayanipun. Botên wontên ingkang kasoran. Wusana Kumbakarna anyandhak limpung, wawrat sagulma kati, kalêpasakên dhumatêng Prabu Sugriwa. Sadangunipun Prabu Sugriwa pêrang akalihan Kumbakarna, Anoman amêmanuki ingkang paman.

Sarêng limpung lumêpas, enggal dipun candhak saha kabêkta mumbul dhatêng awang-awang, lajêng katugêl, dados botên ngantos kenging dhumatêng Prabu Sugriwa, [Sugri ...]

--- 230 ---

[... wa,] Kumbakarna enggal anyandhak rêdi, kabalangakên dhumatêng Prabu Sugriwa, Sugriwa kenging lajêng kalêngêr, anuntên dipun candhak dhumatêng Kumbakarna, kabêkta mundur saking paprangan.

Rama akalihan Laksmana sangêt kagètipun, aningali yèn Prabu Sugriwa kasoran saha kacêpêng, lajêng sami angasta jêmparing, sumêdya ambelani, anuntên Anoman andhatêngakên angin agêng, Prabu Sugriwa sarêng kasiliran ing angin lajêng èngêt, sumêrêp yèn kacêpêng, tumuntên angèngêt-èngêt margine sagêdipun uwal saking Kumbakarna, wusana kapanggih ing pambudi, astanipun kêkalih anyandhak kupingipun Kumbakarna kiwa têngên, sukunipun amancal dhadha, lajêng lumumpat sarwi anyaut irung, irung tuwin kupingipun Kumbakarna kalih pisan puthul, Sugriwa sampun uwal. Kumbakarna sarisaking sipatipun anjêngêr, sangêt wirangipun. Lajêng wangsul dhumatêng ing paprangan, ananumpêsi kêthèk, Wibisana sarêng aningali tumpêsipun bala kêthèk, lajêng matur dhumatêng Rama, kaaturan ambiyantoni pêrang, amênggak [amêng ...]

--- 231 ---

[... gak] pangamukipun Kumbakarna. Laksmana enggal anglêpasakên jêmparing, kenging makuthanipun Kumbakarna kasingsal, anuntên Rama anglêpasakên jêmparing, kenging pupunipun Kumbakarna rantas kalih pisan, ewadene taksih sagêd anyawatakên dhêndha, angèngingi kêthèk kathah ingkang pêjah, Rama anglêpasakên jêmparing malih, kenging baunipun Kumbakarna ingkang têngên sêmpal, kantun tanganipun ingkang kiwa, ambêdhol wit-witan agêng, kaobat-abitakên, angèngingi kêthèk kathah ingkang pêjah, Rama anglêpasakên jêmparing malih, kenging tanganipun Kumbakarna ingkang kiwa sêmpal. Sasirnaning bau akalihan suku kalih pisan, Kumbakarna mangap, amêdalakên angin agêng awor wisa, anuntên Rama anglêpasakên jêmparing, wêdalipun ambrubul, angêbêki cangkêmipun Kumbakarna lajêng pêjah.

Sarêng misuwur yèn Kumbakarna pêjah dening Rama, Prabu Dasamuka muwun, sangêt prihatosing galih, amung anyipta badhe amanggih bilai, anuntên putranipun sakawan amêdali pêrang,

--- 232 ---

anama Trisirah, Trikaya, Narantaka, Dewatantaka, akanthi êmbanipun kêkalih, sami danawa, awasta Mantaka, akalihan Samaramênta, kapêthukakên dening Laksmana, saha Anoman, tuwin Anggada, punapadene Anila. Putra sakawan saêmbanipun wau kawon sami pêjah sadaya, balanipun mawur, angungsi dhatêng ing kitha, saha angunjuki uninga dhumatêng sang nata, tatiwasing[9] putra sakawan saêmbanipun. Sang nata ngênês ing galih, apêsing sarira sampun katingal. Anyipta yèn badhe kasoran ing pêrang, botên antawis dangu putranipun pambajêng ingkang nama Radèn Indrajit sowan. Angrêrapu dhumatêng ingkang rama, sampun ngantos kagungan panggalih ajrih atandhing pêrang kalihan Rama. Awit Indrajit sagah anyirnakakên Rama saha Laksmana sabalanipun. Prabu Dasamuka sarêng midhangêt aturing putra, ulatipun bingar, saha suka pirêna ing galih, ingkang putra lajêng dipun dhawahi anglêksanani pangrisakipun dhumatêng Rama sabalanipun. Sasampuning srêngenge sêrap, Radèn Indrajit mêdal dhumatêng

--- 233 ---

ing paprangan, anglêpasakên jêmparing anama Mohanasara, mawi dipun mantrani aji sasirêp, sarêng jêmparing sampun lumêpas, sakathahing bala kêthèk kenging sawabing jêmparing wau, sami pêjah tilêm sadaya. Namung ingkang jêjêr bupati botên pêjah, ananging sami sangêt aripipun lajêng tilêm kapatos. Saha maripatipun sami pêndul. Rama akalihan Laksmana, inggih makatên ugi, wondening ingkang lêpat ing aji sasirêp namung Wibisana, sarêng Wibisana sumêrêp, yèn Rama saha Laksmana amanggih bilai, ingkang saking pandamêlipun Indrajit. Lajêng amurugi panggenanipun Rama saha Laksmana, ingkang sawêg sami sare, sasampuning kawungu lajêng kaaturan suryan. Anuntên Anoman kautus ing Rama dhatêng ing rêdi Imagiri, amêndhêt godhong sandilata, minăngka jampinipun ingkang sami pêjah tilêm.

Anoman enggal lumampah, ananging sarèhning dèrèng sumêrêp warninipun godhong sandilata, saha ing sadèrèngingpun[10] mangkat dèrèng ngantos nêrang, dados sangêt kèwêdaning manah, wusana

--- 234 ---

rêdi Imagiri dipun bêdhol, kabêkta dhumatêng ngarsanipun Rama, Rama lajêng mêthik godhong sandilata, kausapakên maripatipun, sakala waluya, anuntên godhong kaparingakên dhumatêng Anoman kapurih angusapna maripatipun sawarnining kêthèk ingkang pêjah, Anoman anglêksanani, kêthèk lajêng sami gêsang malih.

Radèn Indrajit sawangsulipun saking amasang sasirêp wau, sowan ing ngarsanipun ingkang rama, angunjuki uninga, yèn Rama saha Laksmana sabalanipun sampun sami pêjah. Prabu Dasamuka sakalangkung suka pirêna ing galih, lajêng kasukan adhahar eca, botên antawis dangu, amidhangêt swara rame sangêt, inggih punika sabawanipun bala kêthèk. Sami angrampid saha ambêsmi kadhaton ing Ngalêngka, ingkang sawêg sami kasukan bingung aningali latu mubal andados. Anuntên tatas rahintên. Bala kêthèk sami mundur dhumatêng sajawining kitha, Prabu Dasamuka enggal andhawahakên parentah, amêpak bala danawa sakantunipun ingkang sampun pêjah, ingkang anyenapatèni putranipun [pu ...]

--- 235 ---

[... tranipun] Kumbakarna, anama Kumbakumba, asipat danawa agêng saha inggil kados rêdi, akanthi êmbanipun kêkalih sami danawa, awasta Kampa akalihan Dyajaksa, Anggada kadhawahan dhumatêng Rama amêthukakên Kumbakumba, enggal anglêksanani, êmban kêkalih wau pêjah dening Anggada, Kumbakumba pêjah dening Prabu Sugriwa, sakantuning balanipun Kumbakumba sami mawur, lumajêng angungsi dhumatêng ing kitha, ingkang mangke andèl-andêlipun Prabu Dasamuka namung kantun ingkang putra Radèn Indrajit, akalihan punggawa danawa tatiga, anama Wiloitaksa, Maundara, Gathodara.

Prabu Dasamuka sarêng anampèni atur bab pêjahipun Kumbakumba, akalihan êmbanipun kêkalih, sangêt prihatos ing galih saha pamuwunipun, botên antawis dangu Radèn Indrajit sowan ing ngarsanipun ingkang rama, ingkang sawêg angrêdatos, Radèn Indrajit sasampune anyakecani galihing rama, lajêng amêpak balanipun, amêdali pêrang, arame tanglêdipun kêthèk akalihan danawa, dangu-dangu kêthèk [kê ...]

--- 236 ---

[... thèk] kawon sami kaplajêng, anuntên Laksmana anglêpasakên jêmparing, anama Baruna Astra, dhawahing paprangan lajêng dados toya agêng, ambalabar angombak-ombak. Bala danawa kathah ingkang pêjah ing toya, Indrajit enggal anglêpasakên jêmparing latu, andhawahi bala kêthèk, mawur saha kathah ingkang pêjah, Laksmana anglêpasakên jêmparing panulakipun latu, sasirnaning latu, kêthèk ingkang pêjah kabêsmi wau sami gêsang malih, anuntên Indrajit anglêpasakên jêmparing malih, jêmparing punika amêdalakên dêdamêl warni-warni tanpa wicalan, andhawahi bala kêthèk, Laksmana lajêng anglêpasakên jêmparing panulak. Sasirnanipun dêdamêl warni-warni ingkang mêdal saking jêmparingipun Radèn Indrajit. Laksmana anglêpasakên jêmparing malih, awasta Endrasara, Indrajit kenging gulunipun lajêng pêjah, anuntên Laksmana anglêpasakên jêmparing malih, anama Surawijaya, andhawahi balanipun Indrajit, tumpês sadaya.

--- 237 ---

Prabu Dasamuka sakêlangkung sêkêl ing galih, amidhangêt pêjahipun Radèn Indrajit. Sang nata kados upaminipun wit-witan karampas êpangipun, kantun uwitipun kemawon. Têlas budinipun. Anyipta pêjah, sumêdya anglabuhi nagari tuwin kulawarganipun, ingkang sami pêjah wontên ing paprangan. Sang nata lajêng malêbêt dhatêng sanggar pamêlêngan, saha amuja sêmadi.

Kacariyos Dèwi Sinta, ingkang kadumunungakên wontên ing taman soka, botên sah anggènipun amuja sêmadi, ingkang tinêdha ing sêmadi, amung karaharjan saha unggulipun ingkang raka, sasampuning angêningakên tingal. Dèwi Trijatha dhatêng, angaturi pawartos bab pêrang, yèn punggawa ing Ngalêngka sampun tumpês sadaya, amung kantun tatiga, bala kêthèk taksih wêtah punggawanipun. Ingkang pêjah namung kêthèk alit-alit kemawon. Dèwi Sinta suka ing galih amidhangêtakên aturipun Dèwi Trijatha, lajêng asêmadi, ananêdha ing dewa, angenggalna pêjahipun Prabu Dasamuka.

--- 238 ---

Kacariyos Prabu Dasamuka, animbali para danawa nujum, tuwin para danawa pandhita, sami kadangu mênggah papêsthèning sariranipun. Pamêcanipun para nujum tuwin para pandhita, sang nata badhe unggul pêrangipun. Prabu Dasamuka sasampuning sêmadi sadalu natas, enjingipun karsa anyarirani pêrang, lajêng andhawahakên parentah angêrig baris, tatindhihipun danawa tatiga, anama Wiloitaksa, Maundara, Gathodara, sarêng sampun pêpak, anuntên bidhal dhatêng sajawining kitha, Prabu Sugriwa sumêrêp, yèn Prabu Dasamuka mêdali pêrang, enggal angundangi bala kêthèk, andikakakên angubêngi rumêksa Rama. Prabu Dasamuka sasampuning pradandosan lajêng anitih rata, rinêngga ing mas saha sêsotya, lampahipun sampun dumugi ing paprangan. Botên antawis dangu lajêng wiwit pêrang, bala kêthèk kathah ingkang pêjah, anuntên Anoman ambiyantoni, kathah angsalipun papêjah, Rama wêlas aningali risaking bala kêthèk, enggal anglêpasakên jêmparing, andhasahi[11] danawa,

--- 239 ---

tumpês kados dipun saponi, Prabu Dasamuka duka sangêt aningali tumpêsing balanipun, lajêng andhawahakên parentah dhumatêng punggawa danawa, ingkang nama Wiloitaksa, andikakakên ambiyantoni, Wiloitaksa anglêksanani, kapêthukakên dening Prabu Sugriwa, Wiloitaksa punapadene kancanipun ingkang nama Gathodara, sami pêjah dening Sugriwa, Maundara tatulung pêjah dening Anggada.

Sapêjahipun punggawa danawa tatiga, Prabu Dasamuka sangsaya sangêt dukanipun. Lajêng ngamuk anarajang bala kêthèk. Pangamukipun sampun prasasat dukanipun Bathara Kala, bala kêthèk sami mawud sadaya, anuntên Rama akalihan Laksmana tuwin Wibisana atatulung, sami anglêpasakên jêmparing, saha angabên kaluwihan akalihan Prabu Dasamuka, wusana sang nata anglêpasakên limpung, ingkang dipun angkah Rama, sarêng limpung lumêpas, Laksmana tarampil anglêpasakên jêmparing, kenging limpungipun Prabu Dasamuka, kawangsul andhawahi ratanipun sang nata, rêmuk sakapal kusiripun, [kusiri ...]

--- 240 ---

[... pun,] sang nata enggal lumumpat, saha amundhut rata sanès. Sarêng Prabu Dasamuka sampun nitih rata, lajêng anglêpasakên kunta, ingkang dipun wawas Rama, ananging kenging Laksmana, jajanipun kabranan, lajêng dhawah gumuling ing siti, Wibisana enggal atatulung, Laksmana kabêkta mundur, kajampenan sakala waluya, botên măntra tilasing brana.

Ing awang-awang kaèbêkan dening jawata, ingkang sami aningali pêrang, Bathara Endra sumêlang aningali pêrangipun Rama akalihan Dasamuka, awit sang nata nitih rata, Rama dharat kemawon. Lajêng amaringi rata satunggil dhumatêng Rama, ingkang ngusiri dewa, punapa malih amaringi jêmparing kêkalih, awasta Guawijaya, satunggilipun Brama Astra, utawi jêmparing latu Rama lajêng anitih rata, ngantos dangu anggènipun lêpas-linêpasan jêmparing, angabên kasêktèn kalihan Prabu Dasamuka, botên wontên ingkang kasoran. Wusana Wibisana matur dhumatêng Rama, kapurih angrampungna pêrang, anglêpasna jêmparing ingkang nama Guawijaya, awit namung punika

--- 241 ---

ingkang kenging kadamêl mêjahi Dasamuka, sasampuning Wibisana matur, Rama lajêng angasta jêmparing ingkang nama Guawijaya, Prabu Dasamuka linêpasan kenging jangganipun lajêng seda.

Sasedanipun Prabu Dasamuka, sakala lajêng pêtêng dhêdhêt. Angin agêng dhatêng gumrêbêg swaranipun. Anuntên jawah sêkar saha sanèsipun ingkang wangi-wangi, inggih punika pakurmating para dewa dhumatêng Rama, ingkang minăngka pangruwatanipun sawarnining lampah awon. Wibisana sarêng sumêrêp yèn ingkang raka seda, enggal amalajêngi layoning raka, anyungkêmi padanipun, sarwi amuwun sangêt, saha akathah-kathah sêsambatipun. Rama wêlas aningali, lajêng anyakêti, sarta anglêlipur dhumatêng Wibisana anyêrêpakên kautamaning sedanipun Prabu Dasamuka, anggènipun anggagahi nagari, saha ambelani abdi-abdinipun sadaya, sasampuning angrêrapu, Wibisana kapurih angrêsikana saha ambêsmia layoning raka sakalihan. Wibisana amiturut, saha lajêng anglampahi, sasampuning ambêsmi layoning

--- 242 ---

ingkang raka sakalihan, Rama angandika dhumatêng Wibisana, kapurih jumênênga ratu wontên nagari ing Ngalêngka, anggêntosana Prabu Dasamuka, Wibisana angèstokakên karsanipun. Rama lajêng amulang pratikêlipun ing ratu, tuwin wajibipun dhumatêng para abdi, punapadene dhumatêng para sêntana, sarêng sampun têlas wulangipun, anuntên sawarnining kêthèk ingkang pêjah ing paprangan, sami kagêsangakên malih dhumatêng Rama, isarat godhong sandilata.

--- [243] ---

Sêrat Babadipun Pandhawa

--- [244] ---

…

--- 245 ---

VI. Pandhawa siningkirakên saking nagari.

Duryodana sagêd ngêluk panggalihipun ingkang rama, ingaturan nyingkirakên Pandhawa saking kitha Ngastina, kadhawuhan manggèn ing satunggalipun kitha nama Waranawata, lampahan wolung dintên saking Ngastina, kalêrês sakidulipun banawi Gangga. Sumingkiripun Pandhawa punika sajatosipun, namung kadamêl warana kemawon anggènipun badhe kasirnakakên babarpisan. Sadèrèngipun para Pandhawa kabidhalakên, Sang Duryodana sampun dhawuh dhatêng abdi ingkang sakalangkung pinitados, nama Purocana, angrumiyinana lampah dhatêng Waranawata. Sadhatêngipun ing ngrika nuntên andamêla satunggaling pasanggrahan, ingkang kawastanan: Jatugrêha. Gêbyogipun winêdhakana găndarukêm, sarta kaisènana samubarang ingkang gampil murubipun, pasanggrahan punika calon kangge anampèni dhatêngipun para Pandhawa. Ing griya wau Purocana kêdah angudi murih sagêdipun Pandhawa pitajêng ing piyambakipun, ngantos ical [i ...]

--- 246 ---

[... cal] wiwekanipun. Manawi sampun kalampahan makatên, pasanggrahan lajêng kabêsmia supados Pandhawa pêjah kabêsmi wontên ing ngriku. Tujunipun Pandhawa putra kajawil dening sang Widura, bab cidranipun para Korawa wau, satêmah ingkang kajawil sagêd angoncati bêbaya wau. Nalika Dèwi Kunthi têngah-têngah nyugata semahing brahmana ingkang sami dhatêng saking sacêlakipun panggenan ngriku, pasanggrahan lajêng kabêsmi piyambak dening para Pandhawa. Purocana lan satunggalipun tamu èstri nama Bila, dalah anakipun jalêr gangsal ingkang sami kaduk pangombenipun ngantos mêndêm, pêjah kabêsmi, layonipun ingkang sami kabêsmi kapanggih sadaya, kakintên layonin para Pandhawa, mila kasuwurakên Pandhawa sampun sami pêjah. Prabu Drêtarastra kaaturan uninga bab punika, lajêng dhawuh anyidhêkahi manut ing kalimrahan.

Mênggah cacriyosan Jawi jalarane anggènipun sang Bima dados mantunipun Sang Ăntaboga (kados ingkang kapratelakakên ing ngajêng), punika makatên:

--- 247 ---

Kasêbut ing lampahan Obong-obongan Bale Sigala-gala (pakêm ringgit purwa wêdalan Commissie voor de Volkslectuur jilid IV Cat. No. 1663a), sarêng Kurupati anggènipun jumênêng nata sampun angsal tigang wulan, angèngêti wêlingipun swargi ingkang paman Prabu Pandhu, karsa amalih nagari. Ingkang ibu Dèwi Gandari sakalangkung panggondhalipun, ananging Suyudana botên keguh dhatêng sakathahing bêbolèh. Dèwi Gandari sapirêmbag kalihan para Korawa sanès-sanèsipun tuwin Sangkuni murih sandening karsa wau sarta angudi sirnanipun para Pandhawa. Sangkuni matur dhatêng Prabu Suyudana, ila-ilanipun tiyang sêpuh botên sae andum karajan wontên salêbêting nagari. Sang prabu nuntên dhawuh dhatêng Sangkuni andamêl pasanggrahan ing wana Têgalkuru badhe kagêm malih nagari. Pasanggrahan wau ingkang kadamêl dêling galondhongan, pagêr saha sakanipun kaisenan obat. Anitik têtêmbungan Sigala-gala, [Si ...]

--- 248 ---

[... gala-gala,] kados kathah lêrêsipun cacriyosan Indhu, inggih punika sadaya bêbolongan tuwin lêlongkangan ing pasanggrahan ngriku kaisenan balêndok sarta barang sanès-sanèsipun ingkang sagêd ambalêdhos, dados sanès obat. Saking karsanipun Sri Suyudana, para Pandhawa tuwin Dèwi Kunthi kapondhongan dhatêng Ngastina, sarta saking ngriku kabêkta dhatêng Têgalkuru. Ing ngrika kasugata sakalangkung sae, saha kawontênakên kasukan catur, Prabu Suyudana angêtohakên sapalihing nagarinipun, Yudhisthira ngêtohakên umuripun, ngantos kaping kalih Yudhisthira mênang-mênang kemawon. Sarêng wiwitan malih mèh dumugi pêjahipun ratu, Sangkuni trangginas angingêr papanipun catur, ananging kawuningan dening Dèwi Kunthi, sarta dipun êlokakên. Mênanging ngabotohan punika botên wontên jêbulipun, namung mawon pêrlu kacariyosakên ing ngriki dene

--- 249 ---

têksih wontên labêtipun cacriyosan Indhu bab anggènipun ngabotohan Pandhawa lan Korawa, ngantos andadosakên sangsaranipun Pandhawa (mriksanana § 41-43). Para Korawa gêntos larih waragang dhatêng Pandhawa, katampi tanpa sănggarunggi, namung Bratasena piyambak, jalaran sampun kawisik Sang Hyang Narada, têksih èngêt, nanging samudana wuru, dene ingkang raka tuwin ingkang rayi-rayi sadaya sampun sami wuru. Wusana têtiyang ing ngriku sami alok bancana latu, para Korawa lumajêng mêdal ambêkta Sang Kurupati, Pandhawa têksih sami kawuron tinilar kantun. Bratasena ngalêmpakakên kadang-kadangipun punapadene ingkang ibu kabêkta oncat saking ngriku angêtutakên lampahing garangan pêthak, ngestokakên dhawuhipun Sang Hyang Narada. Siti ingkang kaambah ambalêdhag, Pandhawa lan garangan dumugi ing Saptapratala. Sapêngkêripun Pandhawa, pasanggrahan têlas kabêsmi, ing ngraku[12] wontên

--- 250 ---

wangkenipun tiyang nênêm ingkang pêjah kabêsmi, kinintên kuwandhanipun Dèwi Kunthi kalihan putra-putranipun. Kurupati anangisi ingkang pêjah, sarta dhawuh nyandhi layon-layon wau wontên ing Têgalkuru. Pandhawa ing karatonipun Sang Hyang Ăntaboga. Bratasena dhaup kalihan putranipun èstri Sang Hyang Ăntaboga, anama Dèwi Nagagini. Sarêng sampun sawatawis lami, kalayan pitulunganipun Sang Hyang Ăntaboga, para Pandhawa sagêd dumugi ing marcapada malih, sarana mêdal ing sumur Jalatundha. Nagagini botên kabêkta, awit sawêg angandhêg. Sarêng dumugi ing wancinipun, sang dèwi ambabar mêdal jalêr, kanamakakên Ăntasena. Putra wau salajêngipun botên kocap.

Dumuginipun ing marcapada Bratasena lan Arjuna sami kesah sowang-sowang ngupados têtêdhan, Bratasena dumugi ing griyanipun Bagawan Ijrapa. Kala samantên sang bagawan panuju amopoki bumbu putranipun, [putrani ...]

--- 251 ---

[... pun,] nama Bambang Erawan, badhe kangge ladosan dhatêng ratunipun awarni buta, nama Prabu Baka. Sang bagawan botên sagêd angsal tiyang sanès kangge ladosan wau, măngka saliranipun katampik awit sampun kasêpuhên. Bratasena nawèkakên sariranipun, sagah dados lêbêtan, nuntên binumbonan, saha katur dhatêng sang prabu. Ratu buta pêjah kabithi Sang Bratasena. Bagawan Ijrapa sangêt panarimahipun dhatêng Sang Bima anyaosi dhêdhaharan pintên-pintên, Bambang Erawan anyagahi benjing pêrang Bratayuda pinragata kangge tawur.

Sasampunipun Bratasena lan Arjuna sami wangsul pinanggih kadang-kadangipun, nuntên tinêdhakan Bathara Brama, aparing dhawuh sampun ngantos mantuk dhatêng Gajahoya, aluwung sami suwitaa dhatêng Wiratha, lan anganggea nama sêsilih. Kajawi punika Arjuna pinaringan brahmastra. Lampahan candhakipun nyariyosakên para Pandhawa anggènipun sami [sa ...]

--- 252 ---

[... mi] anamur kala wontên ing Wiratha. Cariyos wau kathah èmpêripun kalihan lêlampahaning Pandhawa ingkang kasêbut ing sêrat Indhu, inggih punika sasampuning jangkêp kalih wêlas taun anggènipun amati raga wontên ing wana, nuntên andungkap tiga wêlas taunipun sami singidan wontên ing Wiratha. (Priksanana katranganipun § '51').

Manut cariyos Jawi para Pandhawa anggènipun wontên ing Wiratha rambah kaping kalih, sapisanipun kados ingkang mêntas kacariyosakên ing nginggil wau, kaping kalihipun kala ngajêngakên parang Bratayuda, kasêbut lampahan Calunthang. Nitik larah-larahing cacriyosan, anggènipun wontên ing Wiratha ingkang kapisan punika kathah èmpêripun kalihan anggènipun wontên ing Ekacakra para Pandhawa wau manut dêdongengan Indhu, langkung malih dening sakonduripun saking Wiratha, lajê[13] yasa nagari ing Ngamarta. Dene Ngamarta punika mênggah ing sêrat Indhu: Indraprasta.

--- [253] ---

Gancaring Cariyos Bratayuda

--- [254] ---

…

--- 255 ---

Sang Prabu Jayabaya ing Kadhiri misuwur kêkah adilipun. Prabawanipun upami kados padhanging srêngenge ing măngsa katiga, panjênênganipun kineringan ing sasamining ratu, awit saking kaprawiranipun ing paprangan, botên wontên ingkang nimbangi, para ratu ingkang nunggil jaman akalihan Prabu Jayabaya, kaupamèkakên rêmbulan, Prabu Jayabaya ingkang minăngka srêngenge, sorotipun angucamakên[14] padhanging rêmbulan.

Prabu Jayabaya wau kagungan abdi juru panganggit, anama Êmpu Sêdhah, punika kakarsakakên nganggit Sêrat Bratayuda, panganggitipun kala ing taun 1079, wondening ingkang kacariyos rumiyin, Sang Prabu Yudhisthira sasantananipun, sami kalêmpakan wontên ing nagari Wiratha, sarta ambêkta prajurit sadêdamêlipun ing pêrang. Prabu Krêsna ing Dwarawati sabalanipun inggih wontên ing ngriku, karsanipun Prabu Yudhisthira badhe amangun pêrang, amundhut kagunganipun nagari ing Ngastina ingkang sapalih, wondening ingkang binobot ing budi sarta linampahan [li ...]

--- 256 ---

[... nampahan] sapitêdahipun prakawis agêng wau, inggih namung Sang Prabu ing Dwarawati. Akathah para ratu pêpakan wontên ing Wiratha, ingkang sami rumojong ing pêrang, amurih kamulyaning pêjah. Ing nagari Ngastina inggih kathah para ratu Jawi utawi saking tanah Sabrang, sami kalêmpakan sabala saha dêdamêling pêrang, inggih sumêja ngupados kamulyaning pêjah.

Prabu Yudhisthira angandika dhumatêng Prabu Krêsna, kakang prabu, ingkang minăngka panutan kula, kula badhe anêdha kagungan kula nagari ing Ngastina ingkang sapalih, punika kula sumăngga ingkang dados panggalih utawi pratikêl sampeyan, amurih prayoginipun ingkang badhe linampahan.

Prabu Krêsna amangsuli pangandika: - Yèn makatên karsane yayi prabu, inggih botên wontên sayoginipun, kajawi kagalih wilujêngipun, amurih lulus saening akêkadang, kula ingkang badhe lumampah, - anêdha sapalihipun nagari ing Ngastina.

Prabu Krêsna lajêng andhawahakên parentah,

--- 257 ---

karsa tindak dhumatêng nagari ing Ngastina, badhe amundhut sapalihing nagari, saupami dipun kêkahi, lajêng badhe kagitik ing pêrang, anuntên bala sami dipun undhangi, sang nata nitih rata, Radèn Sêtyaki andhèrèk.

__________

Tindakipun Prabu Krêsna sampun dumugi ing Têgalkuru, anuntên wontên jawata sakawan têdhak, anama Janaka, Ramaparasu, Kanwa, sarta Narada, badhe ambiyantoni lampahipun sang nata, Prabu Krêsna kagèt mirsa wontên dewa anêdhaki, lajêng mingsêr tumut lênggah kusirapun,[15] dewa sakawan sami lênggah salêbêting rata. Sarêng sang nata sampun nyêmbah, jawata sakawan angandika: Sang nata, sampun kasêsa ing lampah, kula badhe tumut ing salampah andika. Anuntên rata dipun rindhikakên, samargi-margi sang prabu aginêman kalihan dewa sakawan. Wondene ingkang dipun rêmbag prayogining lampah, saha saening kadadosanipun ing prakawis.

Sang Prabu Suyudana ing Ngastina sampun midhangêt, bilih Prabu Krêsna sampun dumugi ing Têgalkuru. [Tê ...]

--- 258 ---

[... galkuru.] Lajêng andhawahakên parentah, sakathahing lalurung andikakakên anggêlari sinjang, anjog ing siti inggil, dumugi korining kadhaton ingkang jawi, sarta para pinisêpuh kadhawahan amêthuk. Wondening ingkang kapatah amêthuk wau, Bisma, Druna, Dhastharata, punika sami suka ing batos. Dene Prabu Krêsna ingkang lumampah, badhe anjabêl nagari, anyipta yèn Prabu Suyudana amasthi badhe ngulungakên. Nanging Prabu Yuyudana[16] akalihan Patih Sangkuni sami kèwêdan, awit Prabu Krêsna sampun kalih-kalihing ngatunggil kalihan Pandhawa, anuntên para Korawa sami ngalêmpak wontên salêbêting kadhaton.

Lampahipun Prabu Krêsna angancik kikising nagari Ngastina, ratanipun karindhikakên, arame swaranipun tiyang ingkang sami mêthuk, utawi ingkang sami anonton. Tiyang sanagari Ngastina ebah sadaya, saking kapenginipun badhe aningali Prabu Krêsna, agêng alit pating balêbêr, jêjêl titip atimbun pinggiring margi, ajrih manawi kasèp ing langkungipun sang nata.

--- 259 ---

Ingkang sami mêthuk wau sampun pêpanggihan kalihan Prabu Krêsna, sang nata lajêng dipun aturi lumêbêt dhumatêng kadhaton, wondening para ratu sampun tata pinarak wontên salêbêting kadhaton, Prabu Salya inggih sampun rawuh, Arya Widura, Adipati Ngawăngga, Karpa, Arya Sindurêja, Yuyutsuh, Sujaya, sami andhèr wontên ngarsanipun Prabu Suyudana. Anuntên para pinisêpuh, ingkang kautus mêthuk wau, sami dhatêng angrumiyini, botên antawis dangu Prabu Krêsna rawuh, têdhak saking rata, kalihan jawata sakawan, para Korawa sami ngadêg angurmati. Sang nata kalihan jawata sakawan dipun aturi pinarak dhatêng Prabu Suyudana, para pinisêpuh kumrubut ingkang sami ambagèkakên. Anuntên pasêgah sumaos. Pangandikanipun Prabu Suyudana: Kakang Prabu ing Dwarawati, sumăngga kula aturi dhahar, minăngka jêjampining sayah. Prabu Krêsna amangsuli: Yayi prabu, sakalangkung-langkung pamundhi kula, pasêgah pinanggih ing wingking, bilih padamêlan sampun rampung. Suyudana ngandika malih: Dene mawi

--- 260 ---

wigih-wigih kakang prabu, anampik pasêgah kula. Krêsna amangsuli: Agampil yayi prabu, pinanggih ing wingking kemawon. Prabu Krêsna suka ing galih, aningali para ratu ingkang sami pêpak wontên ing kadhaton, utawi para pinisêpuh ingkang sami sowan. Anuntên pamit ing Prabu Suyudana, badhe masanggrahan rumiyin. Prabu Suyudana amangsuli: Sumăngga ing karsa kakang prabu, ratu bijaksana ing jagad. Prabu Krêsna amangsuli: Mugi-mugi yayi prabu amanggiha suka, siyosa padamêlan ingkang kula lampahi, wilujênga ing kadadosanipun. Prabu Krêsna sarêng sampun dumugi ing jawi, matur dhatêng jawata sakawan: Kula badhe masanggrahan rumiyin, benjing-enjing kemawon kula mratelakakên pêrlunipun lampah kula mriki.

Prabu Krêsna anjujug panggenanipun ingkang bibi Dèwi Kunthi, lajêng anyungkêmi sampeyanipun. Dèwi Kunthi muwun. Ciptaning galih prasasat kapanggih kalihan Pandhawa, tumuntên amratelakakên sêkêling galih, bab prawakis ingkang badhe kalampahan. Akathah pituturipun. [pi ...]

--- 261 ---

[... tuturipun.] Amurih lêstantuning lampah, saking agênging prihatos, pangandikanipun pêgat-pêgat kamoran pamuwun. Sarêng sampun têlas pituturipun, Prabu Krêsna pamit badhe dhatêng pasanggrahan ing griyanipun Arya Widura. Sarawuhipun ing ngriku, anuntên sêsaosan pasêgah kathah dhatêng.

Saunduripun Prabu Krêsna, Suyudana apirêmbagan kalihan ingkang rayi-rayi, punapa malih kalihan Adipati Ngawăngga, ingkang minăngka pangajênging damêl. Prabu Suyudana sumêlang ing galih, awit pasêgahanipun katampik dhumatêng Prabu Krêsna, pangandikanipun: Sang Prabu ing Dwarawati amasthi ngandhut wadi, dene ora karsa dhahar sasuguhku, hèh Drusasana, aja sira kurang waweka marang Ratu ing Dwarawati, sira diangati-ati, kadang-kadangmu kabèh tuturana, sesuk padha amêndhêma baris, aja nganggo pinikir suwe-suwe, wong ing Dwarawati banjur ditumpêsa bae, awit iku awaking Pandhawa, masthi angandhut ala, ora wurung dadi mungsuh samudana angandhut manis.

--- 262 ---

Sabibaring pasamuwan, sakathahing Korawa sami mantuk. Para ratu tamu tuwin pinisêpuh sami kondur dhatêng pasanggrahanipun piyambak-piyambak. Prabu Suyudana kondur angadhaton, têdhak dhatêng panggenanipun ingka[17] garwa Dèwi Banowati. Dèwi Banowati amêthuk, lajêng dipun kanthi astanipun, malêbêt ing dalêm tata sami pinarak, para abdi èstri marak.

__________

Kala samantên srêngenge angajêngakên sêrap, arindhik lampahipun, kados dèrèng tuwuk anggènipun aningali rêrêngganipun kadhaton ing Ngastina, èmpêripun kados anolih, kapencut aningali Rêtna Banowati. Arame swaraning pêksi, ingkang sami ngupados papan patilêman. Ajrih manawi karumiyinan wêdaling rêmbulan. Sasêraping srêngenge kagêntosan wêdali[18] rêmbulan. Lintang kados dipun sêbar wontên ing langit. Cahyanipun amêwahi wingiting rêrênggan kadhaton ing Ngastina, sampun kados kayanganipun Bathara Endra. [E ...]

--- 263 ---

[... ndra.] Swaraning pêksi amor garêbêging angin, anêmpuh sasêkaran. Amêwahi rame sarta arumipun ing kadhaton. Rêrêngganing prabayasa, ingkang warni mas saha sasotya, pating pancurat katêrangan dening cahyaning rêmbulan.

Dalêmipun Rêtna Banowati anglangkungi saking endah, karêngga ing mas akalihan sasotya, sakilèning dalêm wontên patamananipun, mawi pancak suji mas, katarètès ing jumêrut. Pagêr banonipun sela cêndhani, wontên balenipun mas. Palataranipun sinêbaran jumêrut saha mutyara, tuwin sasotya sanèsipun. Tangèh têlasipun manawi kacariyosna sadaya, kalangênanipun salêbêting kadhaton, ing mangke karingkês kemawon.

Kacariyos srêngenge sampun malêthèk. Arame swaranipun para èstri, ingkang sami ngundhuh sêkar dhatêng patamanan. Prabu Suyudana sampun busana, badhe amanggihi tamunipun, têdhak dhatêng pandhapi. Wondening palênggahanipun para ratu, utawi para nipisêpuh[19]

sampun katata,

--- 264 ---

Dhêstharata, Bisma, Druna, Karpa, Drusasana, Adipati Ngawăngga, ratu ing Măndaraka, utawi para ratu sanèsipun sampun sami dhatêng, Prabu Suyudana adhêdhawah dhatêng Yuyutsuh saha dhatêng Yamawidura, angaturi Prabu Krêsna, Patih Arya Sangkuni akalihan Adipati Ngawăngga kadhawahan mêthuk rawuhipun.

Yuyutsuh sarta Yamawidura sampun kapanggih kalihan Prabu Krêsna, lajêng dipun aturi têdhak dhatêng kadhaton. Prabu Krêsna enggal busana, para pajuritipun[20] sampun sami dandos, titihanipun rata sampun sumaos. Anuntên bidhal saking pasanggrahan. Wontên ing margi dipun pêthuk dening Patih Arya Sangkuni akalihan Karna, lajêng sami andhèrèkakên tindakipun dhatêng ing kadhaton. Sarawuhipun ing kadhaton. Prabu Krêsna kaaturan pinarak. Anuntên sakathahipun ingkang wontên ing pasamuwan sami lênggah atata.

Prabu Krêsna tumênga, anuntên jawata sakawan têdhak, anama Kanekaputra, Janaka, Rama Parasu, Kanwa. Bisma akalihan Druna munjuk dhatêng [dha ...]

--- 265 ---

[... têng] Prabu Suyudana, bilih wontên jawata têdhak. Suyudana lajêng nyêmbah, dewa sakawan dipun aturi pinarak. Anuntên sami tata pinarak nunggil para pinisêpuh. Wondening para ratu nunggil kalihan sasamining ratu. Para satriya nunggil sami satriya, adangu kèndêl ingkang sami pinarakan. Anuntên Prabu Krêsna ngandika: Paman Dhêstharata, laku kula mriki niki, mung nêja ngatutake sanak, êmpun nganti ontên kang sulaya, prayoga padha rukuna, yèn ngantia padha kakêrêngan, abungah sing botên dhêmên. Sabarang rèh kula, putra andika yayi prabu ing Ngamarta sasantanane anut mawon. Mungguh pagawean sing kula lakoni niki, wit saking karsane yayi Prabu ing Ngamarta, anêdha saparone nagari ing Ngastina. Dhêstharata amangsuli: Sampun kasinggihan pangandikanipun anak prabu, sakalangkung prayoginipun. Dewa sakawan anyambungi: Luwih dening patut rèhe Prabu Krêsna, sakêcap botên ontên sing luput, olèhe murih bêcik lan rakête asêsanak.

--- 266 ---

Bisma Druna angguyubi pangandikanipun dewa sakawan. Namung Prabu Suyudana anjêntung ambasêngut tumungkul, botên angandika sakêcap. Yamawidura kalihan Yuyutsuh anyambungi, saha mrayogèkakên panantunipun Prabu Krêsna, amurih wilujênging sadayanipun, ibunipun Prabu Suyudana anama Dèwi Gandari, angandika dhumatêng ingkang putra sarwi amuwun: Prayoga turutên rèhe anak Prabu ing Dwarawati, apa kang kok karêpake luwih saka nganut asêsanak. Prabu Suyudana nolih dhatêng Sangkuni saha dhatêng Drusasana, ambêkuh botên ngandika sakêcap. Karna angêdhèpi dhatêng Prabu Suyudana kapurih tindaka.

Prabu Suyudana mundur saking pasamuwan. Sangkuni kalihan Drusasana inggih andhèrèkakên. Lajêng andhawahakên parentah mêpak dêdamêl. Korawa satus saprajuritipun sampun mirantos, miwah kapal rata gajah sampun pêpak, ingkang anyenapatèni Arya Sindurêja, punika ingkang minăngka andêl-andêling pakèwêd, lèr kidul wetan kilèn [ki ...]

--- 267 ---

[... lèn] sampun jêjêl dening baris. Dèwi Gandari angutus Dhêstharata, matur dhatêng Prabu Suyudana, sampun ngantos kagungan ambêk roda paripêksa, angèngêtakên saruning pratingkah anggènipun anilar tamu. Botên dangu Radèn Sêtyaki dhatêng saking jawi, nyêmbah matur dhatêng Prabu Krêsna: Gusti, ing jawi jêjêl dêdamêl, badhe anumpês panjênêngan dalêm, pun Suyudana saèstu awon manahipun. Korawa kiwa têngên sampun mirantos sadêdamêlipun, sampun katata panggenanipun piyambak-piyambak, prajurit ingkang malêbêt ing kadhaton inggih sampun kathah.

Prabu Krêsna sarêng miyarsakakên aturipun Sêtyaki, sakalangkung dukanipun, têdhak saking pinarakan, tindak dhumatêng ing palataran, lajêng triwikrama, sariranipun sakêdhap dados agêng sarêdi, sampun kados Bathara Kala, kalanipun nêpsu, sariranipun mêdal latu, karosan isèn-isènipun tigang jagad tuwin ing suralaya, punapa malih panguwasanipun para dewa sadaya, ngalêmpak wontên sariranipun [sari ...]

--- 268 ---

[... ranipun] Prabu Krêsna. Sampun ical warnining manungsa, asipat danawa, jumangkah anggêro sasumbar, sanalika bumi gonjing, toyaning sagantên umob, isèn-isènipun sami susah angambang, Prabu Krêsna saèstu yèn titisipun Bathara Wisnu, kadugi angultan[21] bumi anggilut rêdi. Sakathahing dêdamêl ing ngalam donya katêkêm wontên ing astanipun. Korawa satus sami miris aningali, prajurit kêthèn sami kêkês, botên wontên sagêd wicantan, anggènipun nyêpêng dêdamêl sami anggrègèli, Suyudana kalihan Karna miris, anyipta pêjah. Bisma Druna sami nangis, mêndhak-mêndhak murugi Prabu Krêsna, lajêng sami nyêmbah, punapa malih jawata sakawan sami angrêrêpa ngasih-asih, Bathara Surya enggal têdhak, ing awang-awang kathah dewa katingal, sami anjawahakên sêkar, Bathara Surya angrêrêpa, pangandikanipun dhatêng Prabu Krêsna: Hèh Prabu Krêsna, aja kok tutugake nêpsumu, yèn kowe sumêja numpês Korawa, sabala nagarane, amasthi lêbur kabèh, ora ana sing kari. Ananging jagad tolihên sarta wêlasana, [wê ...]

--- 269 ---

[... lasana,] kapindhone elinga punagine Si Wrêkodara lan Si Drupadi, dene sing dadi punagine Si Drupadi, salawase urip ora gêlêm gêlung-gêlung, yèn ora uwis kramas gêtihe Korawa satus ana ing paprangan, yèn kok banjurna nêpsumu, ora kalakon punagine. Sakathahing dewa sami nyêmbah dhumatêng Prabu Krêsna. Sang nata lajêng lilih galihipun, ical ingkang duka, sampun warni manungsa malih, lajêng wangsul dhatêng pinarakanipun. Bisma kalihan Druna punapadene Rêsi Narada sami ngrêrêpa. Prabu Krêsna têdhak saking kadhaton tanpa pamit. Jawata sakawan sami suka, tumut ing satindakipun. Sarêng dumugi ing jawi, dewa sami mantuk dhatêng kayanganipun. Prabu Krêsna têdhak dhatêng panggenanipun Dèwi Kunthi.

Sarêng sampun kapanggih kalihan Dèwi Kunthi, Prabu Krêsna dipun dangu sarwi amuwun: Kapriye anak prabu mungguhing lakumu, apa ta olèh gawe, lan kapriye ing kadadeane. Prabu Krêsna amangsuli: Pun Suyudana lumuh atut sêsanak, botên lila nagari ing Ngastina dipun têdha [tê ...]

--- 270 ---

[... dha] sapalih, kêdah lumampah karêbata ing pêrang, Dèwi Kunthi amangsuli, pangandikanipun pêgat-pêgat: Yèn kaya mangkono karêpe Si Suyudana, apa manèh sing dipikir, mung adhimu Si Yudhisthira bae warahana, aja aninggal kautaman, murunga kakèrêpe, angrêbut nagari kang dadi wajibe. Wong mati ing paprangan amarga ênggone angrêbut nagarane, amasthi olèh swarga, poma wêkasku anak prabu, purihên sidane amangun pêrang.

Prabu Krêsna matur sandika, nyêmbah pamit lajêng nitih rata kalihan Adipati Ngawăngga, Widura sarta Sanjaya, punapadene Yuyutsuh, sami andhèrèkakên. Sadangunipun lumampah, Prabu Krêsna angrêmbagi dhatêng Adipati Ngawăngga, yèn saèstu dados pêrang, kapurih angilonana Pandhawa. Nanging Adipati Ngawăngga botên purun, kêdah angiloni Korawa, awit kala rumiyin sampun apunagi, badhe angabên kadigdayan kalihan Dananjaya. Sarêng lampahing rata sampun dumugi sajawining kitha, Adipati Ngawăngga pamit, têdhak saking rata,

--- 271 ---

lajêng amanggihi ingkang ibu Dèwi Kunthi. Ingkang ibu andangu sarwi ambrêbês mili: Sakondure kakangamu anak Prabu Krêsna, amêkas apa mênyang kowe. Adipati Ngawăngga matur: Kula dipun purih kesaha saking nagari ngriki, manawi saèstu dados pêrang, kula dipun rêmbagi angilonana Pandhawa. Dèwi Kunthi amangsuli: Rêmbug mangkono iku luwih dening bêcik, prayoga kok turut, dadi kowe kumpul karo sadulur-dulurmu, awit panggonan utamaning pati iku ing pêrang Bratayuda, mati urip bêcik kowe nunggal sadulurmu dhewe. Dèwi Kunthi ênggènangpun[22] ngatag ingkang putra sarwi amuwun. Adipati Ngawăngga matur: Ibu, yèn satriya linuwih amasthi ngêkahi wicantênipun ingkang sampun kawêdal, anêmahana sakit utawi pêjah amêsthi botên purun ngingkêdi, punagi kula sampun kawêdal, badhe angabên kadigdayan kalihan pun Janaka. Aliya saking punika, kula sampun kalindhihan sihipun Prabu Suyudana, yèn kula kiranga ing panarima, dados cacad agêng, kalêbêt satriya

--- 272 ---

urakan, botên kenging dados palupinipun para satriya utawi para adipati.

Dèwi Kunthi sangêt anggènipun amuwun, awit ingkang putra botên nurut wulangipun, kêkahing karsa badhe angiloni Korawa, Adipati Ngawăngga nyêmbah, pamit lajêng kondur.

Lampahipun Prabu Krêsna akalihan Sêtyaki ngajêngakên dumugi nagari ing Wiratha, samargi-margi sang nata angrêntahakên waspa. Anuntên balanipun Pandhawa sami amêthuk rawuhipun Prabu Krêsna. Sarêng sampun dumugi kadhaton ing Wiratha, para ratu sami ambagèkakên sadaya, sarta anungsung pawartos, mênggahing tindakipun dhatêng nagari ing Ngastina. Prabu Krêsna amangsuli pangandika: Korawa ora kêna dipurih bêcike, kudu angajak pêrang, ora awèh nagara Ngastina dijaluk saparo, ana dewa papat ambiyantoni ing lakuku, aran Kanwa karo Narada têlu Janaka, papat Rama Parasu, olèhe padha nêmoni aku ana ing Têgalkuru, iku padha sumurup wiwitan lan wêkasaning rêmbag, sarta padha ngrujuki pirukunku

--- 273 ---

kang patut, têkan ibune Si Suyudana, apadene Bisma, Druna lan Salya, padha mrayogakake pasrahe saparoning nagara, ananging sakèhing rêmbug bêcik ora didhahar, malah sumêdya angalani marang aku.

Sakèndêlipun Prabu Krêsna ngandika, para ratu sami ngungun amiyarsakakên pawartos. Prabu Darmaputra, Wrêkodara, Arjuna tuwin Nakula, punapadene Sadewa, inggih makatên ugi. Wondening Prabu Darmaputra sasadhèrèkipun kêkah ing karsa, badhe angèstokakên wawêlingipun ingkang ibu Dèwi Kunthi, angrêbat nagari ingkang amargi saking pêrang, para ratu tuwin para bupati, ingkang sami ngrojongi Pandhawa, amrayogèkakên dadosing pêrang. Putra ing Wiratha ingkang nama Radèn Wirasăngka, kalihan Radèn Utara, punapa malih Radèn Drusthajumêna ing Cêmpala, sami ambêk purun, amamuruk ngajak pêrang, para bupati utawi para punggawa sami kèlu sadaya.

Enjingipun têngara mungêl, kêndhang gong asauran. Para ratu gumêrah sami anata baris. [ba ...]

--- 274 ---

[... ris.] Sarêng sampun sami rakit sadaya, lajêng bidhal saking nagari ing Wiratha, kathahing bala tanpa wicalan. Panganggenipun gumêbyar, kados cahyanipun srêngenge sawêg malêthèk, badhe amadhangi jagad, amêwahi langêning pangangge. Saking kathahing prajurit kados sagantên ambalabari wana sarta rêdi-rêdi. Sakathahing margi jêjêl dening prajurit. Ingkang panganggenipun abrit agolong sami abrit, ingkang jêne sami jêne, ijêm sami ijêm, cêmêng sami cêmêng, biru-sami biru, wungu sami wungu, pêthak sami pêthak. Botên wontên ingkang kasêlanan sanèsipun. Swaraning bala kados galudhug, gêbyaring rêrêngganing rata têmpur kalihan gêbyaripun rêrêngganing lêlayu, kados urubing rêdi sèwu sarêng kabêsmi.

Sang Hyang Endra anjawahakên wêwangi, sakathahing dewa ing kaendran sami angèstrèni ingkang sami anglurug. Pandhawa unggula ing pêrangipun. Angsala nagari ing Ngastina.

Ingkang nindhihi cucuking baris Radèn Wrêkodara, lampahipun dharat kemawon sarta amandhi [a ...]

--- 275 ---

[... mandhi] gada, awit salaminipun gêsang botên karsa nitih kapal, rata utawi gajah, sanajan tindaka mêdal sagantên, ngambah jurang rêdi utawi lèpèn, inggih dharat kemawon. Samargi-margi tansah asasumbar kemawon. Lampahing baris kados angebahna bumi, isèn-isèning wana ingkang kambah sami mawur.

Satêlasing barisipun Radèn Wrêkodara, kasambêtan ing barisipun Radèn Dananjaya, anitih rata karêngga ing sasotya, murub kados rèhi kabêsmi, panganggening prajuritipun pating galêbyar, kados anggêsêngna nagari ing Ngastina saratunipun. Gênderanipun kumêlap. Aciri kêthèk mangap. Sakêdhap ing awang-awang pêtêng dening mêndhung, galudhug gumlêgêr, kilat amradini ing awang-awang, kados andalajati, manawi badhe unggul ing pêrang.

Radèn Nakula akalihan Radèn Sadewa anyambêti barisipun Radèn Dananjaya, sami anitih rata karêngga ing sasotya wungu, kados Bathara Kamajaya kêmbar, badhe têdhak dhatêng

--- 276 ---

kadhaton ing Ngastina, aningali Korawa, kados aningala[23] kênya. Ing wingking kasambêtan ing barisipun putra ing Wiratha tiga, ing wingking kasambêtan ing barisipun Radèn Drusthajumêna, putra ing Cêmpala, anuntên kasundhulan ing barisipun ingkang rama Prabu Drupada, sang nata anitih gajah, dipun garêbêg ing para mantri sarta para punggawa, barisipun tanpa wicalan. Ing wingkingipun Dèwi Drupadi anitih rata, asongsong mas, sarwi angure rema, kanginan kados angawe-awe, angenggalakên banjir rah, isthanipun kados sang dèwi karsa jamas rahing Korawa tumuntên. Sasampuning jamas lajêng karsa ukêl. Sawingkingipun Dèwi Drupadi Dèwi Srikandhi ingkang anyambêti, anitih rata karêngga ing sasotya, anuntên Prabu Darmaputra anitih gajah, asongsong jêne, dipun garêbêg ing abdi kathah, sarwi amangku Sêrat Kalimasada, saèstu yèn ratu utama, sêmunipun sagêd amungkasi pêrang. Wondening sêrat ingkang dipun pangku wau, minăngka panglêburaning mêngsah. Sawingkingipun [Sawingkingi ...]

--- 277 ---

[... pun] Prabu Darmaputra, kasambêtan ing barisipun Prabu Krêsna, gênderanipun sami pêthak, aciri puthut sêmadi. Sang nata anitih rata karêngga ing sasotya, asongsong pêthak karêngga ing manik, kumilat angênguwung, isthanipun amèngêti, hèh dêlêngên, iya iki pamugarining pêrang. Tindakipun Prabu Krêsna kados andhèrèkakên pangantèn. Ingkang minăngka pangantènipun kakung Prabu Darmaputra, ingkang minăngka putri utawi pangantèn èstri nagari Ngastina, sabibaring damêl, nagari katampèn dhatêng Prabu Darmaputra, wondening para ratu sasuruhan, ingkang sami rumojong ing pêrang, upaminipun ingkang sami nyumbang dhatêng Prabu Krêsna, ingkang kagungan damêl. Inggih namung punika ingkang dipun pundhi-pundhi, sarta dipun èstokakên pitêdahipun, sintên-sintêna ingkang anut pitêdahipun Prabu Krêsna, anglampahi pêjah wontên ing pêrang Bratayuda, amasthi manggih swarga, lêpat sakathahing siksa wontên ing jaman kailangan. Mila para ratu sêngkud anglampahi pitêdahipun Prabu Krêsna, suka lila [li ...]

--- 278 ---

[... la] amanggih pêjah, awit swarga kalihan naraka sampun prasasat kaasta dhatêng Prabu Krêsna.

Radèn Wrêsniwira ingkang nyambêti baris ing Dwarawati, saha minăngka tatindhihipun para adipati, prajuritipun tanpa wicalan angêbêki margi, swaraning bala kados angebahna bumi, angocakna sagantên. Ingkang anyambêti barisipun Radèn Wrêsniwira, putranipun Radèn Dananjaya, ingkang nama Radèn Abimanyu, anitih rata mas, asongsong laring mêrak, sarwi amangku cakra, panganggening prajuritipun kados sêkar anggulasah. Ing wingking ingkang nyambêti Radèn Păncawala, putranipun Prabu Darmaputra, anitih rata karêngga ing sasotya, dipun gombyongi ing laring mêrak. Songsongipun anglaring kombang, panganggening prajuritipun murub. Gênderanipun sami ijêm sadaya.

Botên têlas-têlas bilih kacariyosna sadaya, langêning baris ingkang lêlampah, ing mangke kacugak kemawon. Baris ing ngajêng sampun dumugi ing Têgalkuru, tiningalan kados toya ambalabar, para ratu para dipati andalêdêg dhatêngipun, [dha ...]

--- 279 ---

[... têngipun,] botên pêdhot-pêdhot, lajêng sami andamêl pasanggrahan ing sapangkatipun piyambak-piyambak.

Anuntên Dèwi Kunthi dipun utusi rawuh ing Têgalkuru, kadhèrèkakên ing Yamawadura,[24] sarêng kapanggih kalihan Pandhawa, lajêng sami muwun. Sakèndêlipun muwun sami suka-suka, tangèh yèn kacariyosna sadaya, anggènipun sami suka-suka, Yasawidura[25] ingkang andhèrèkakên Dèwi Kunthi, wangsul dhatêng ing Ngastina malih.

Dèwi Kunthi kantun wontên ing Têgalkuru, pasanggrahanipun Pandhawa sampun kados kadhaton, pasanggrahanipun Prabu Krêsna inggih dipun rakit kados kadhaton. Yudhisthira, Wrêkodara, Arjuna, Nakula, Sadewa, sami wontên ing pasanggrahanipun Prabu Krêsna, para ratu sasuruhan inggih sami pêpak wontên ing ngriku, sami arêmbagan sarta nyuwun dhawah dhatêng Prabu Krêsna, Yudhisthira matur ing Prabu Krêsna: Kakang prabu, kula sumăngga ing sampeyan, sintên ingkang sampeyan karsakakên dados pangajênging [panga ...]

--- 280 ---

[... jênging] pêrang. Wrêkodara saha Dananjaya inggih makatên ugi aturipun dhatêng Prabu Krêsna. Wangsulanipun sang nata: Yayi Prabu ing Ngamarta ingkang kula pilih dados pangiridi[26] pêrang pun Seta. Sadaya sami angguyubi. Anuntên Radèn Wrêsniwira dipun sêrapakên dhatêng Prabu Krêsna, mênggah gêlaripun bilih amêdali pêrang.

Prabu Suyudana sarêng midhangêt wartos yèn mêngsah sampun masanggrahan wontên ing Têgalkuru, lajêng andhawahakên parentah amêpak balanipun. Anuntên Yamawidura munjuk dhatêng sang nata, yèn para ratu ingkang ambiyantoni Pandhawa, sampun sami ngalêmpak wontên ing Têgalkuru. Botên antawis lami bala ing Ngastina sampun mirantos. Bidhal saking kitha, balanipun para ratu saha para dipati tanpa wicalan. Lampahipun kados umobing toya sagantên, ambalèbèr dhatêng dharat. Wondening para ratu, ingkang agrojongi Prabu Suyudana, inggih kathah, anuntên sami ngadêgakên pasanggrahan piyambak-piyambak, sami dipun [di ...]

--- 281 ---

[... pun] rakit kados kadhaton, Bisma ingkang kapilih dados senapatining pêrang.

Botên kacariyos lamining ênggènipun anata bala. Pandhawa saha Korawa, sarêng sampun rakit sadaya, enjing sami nabuh têngara kêndhang gong akalihan bèri, bodhol saking pasanggrahan. Surakipun gumêrah, kados ambêlahna langit. Swaraning gong utawi têtabuhan sanèsipun ngantos botên kamirêngan. Barisipun Pandhawa andhêndhêng wontên kilèn majêng mangetan. Barisipun Korawa andhêndhêng majêng mangilèn. Ingkang kidul anotog rêdi, ingkang lèr anotog sagantên. Kandêling baris sapaningal, ewadene ingkang dhatêng taksih gili.

Gêlaripun senapati Bisma wukir jaladri, ingkang minăngka karang sakathahing rata sarta gajah, ingkang minăngka alun para ratu, sakathahing bala alit-alit ingkang minăngka toya. Gêlaripun Senapati Arya Seta anama brajatikna lungid. Ingkang wontên ing ngajêng Radèn Wrêkodara, Radèn Dananjaya, sarta

--- 282 ---

Dèwi Srikandhi, sami sabalanipun. Drusthajumêna saha Sêtyaki sabalanipun sami wontên ing kiwanipun, nanging ragi kawingking cakêt akalihan panggenanipun Senapati Arya Seta, Prabu Darmaputra kalihan Prabu Dwarawati sami wontên ing têngah. Nunggil para ratu saha para adipati.

Radèn Dananjaya ngêrês galihipun aningali, dene mêngsah sami kadang tuwin gurunipun, lajêng matur dhatêng Prabu Krêsna: Sang prabu, manawi kenging mugi panjênêngan dalêm sandèkakên pêrang Bratayuda, kawula botên tahan aningali, dene mêngsah sami kadang saha guru. Sang nata amangsuli pangandika: Karsaning dewa ora kêna wurung pêrang Bratayuda, kapindhone, yèn satriya mati ing pêrang, anêmu pati utama, lan munggah ing swarga, lan maninge, kakangira yayi Prabu Yudhisthia kudu angluwari punagine, apa ta sira ora sumêdya anglabuhi kadang tuwa. Mungguh sing bakal mapagake pêrange gurunira wis ana, ora susah sira ngawaki dhewe, măngsa kuranga mungsuhira. Dene yèn sira

--- 283 ---

amrangguli gurunira ana ing paprangan, ora kêna sira oncati, kudu lumaku tinadhahan, mung sira nyêmbaha bae dhisik.

Sarêng Prabu Krêsna sampun anyêrêpakên dhatêng Radèn Dananjaya, bilih pêrang Bratayuda botên kenging kasandèkakên. Lajêng sami wiwit pêrang, suraking bala gumêrah, ungêling têtabuhan, amor kalihan garêdêging gajah, kêpyaking rata, karapyaking kapal, kados rêdi jugrug. Swaranipun angêbêki bumi, pangamuking bala riwut. Sampun kathah ingkang pêjah, para ratu, satriya sarta para adipati inggih sampun kathah ingkang pêjah, rata ingkang sampun rêmuk sadasa, gajah ingkang sampun pêjah sadasa, asarêng kalihan ratu ingkang nitih, ramening pêrang, kèsrèking dêdamêl kados mêdala gêlap. Gumêrah sambatipun ingkang sami tatu, pêsating jêmparing kados jawah. Prajurit kêkapalan ingkang sampun pêjah atusan. Para gêgêdhug nitih rata ingkang pêjah sèwu. Wondening kathahing prajurit ingkang numpak gajah salêksa, ingkang numpak rata salêksa, ingkang numpak kapal sayuta, [sa ...]

--- 284 ---

[... yuta,] ingkang dharat kawan yuta, panêmpuhing prajurit anggonjingakên bumi, anggènipun pêrang sampun satêngah dintên. Ingkang sampun pêjah satriya kêkalih, sami putra ing Wiratha, satunggil nama Radèn Wirasăngka, pêjah dening Druna, kalih Radèn Utara, pêjah dening Prabu Salya, andêl-andêling Korawa kathah ingkang pêjah.

Radèn Seta nêpsu sangêt, awit saking pêjahipun ingkang rayi kêkalih, ingkang nama Radèn Wirasăngka kalihan Radèn Utara wau, lajêng ngangsêg sabalanipun. Agalak kados sima badhe mamăngsa, utawi kados danawa rêbatan daging, asarêng panêmpuhing bala, Radèn Seta amênthang langkap, anglêpasakên jêmparing, ingkang kawawas Prabu ing Măndaraka, nanging lêpat. Namung rata sakusir pangayapipun ingkang kenging, rêmuk amor kalihan siti. Kartamarma amêthukakên, badhe angadhangi pangamukipun Radèn Seta, lajêng kadhawahan jêmpari,[27] dhawah saking rata, ratanipun rêmuk. Bala Korawa gègèr, sumêrêp pangamukipun [pa ...]

--- 285 ---

[... ngamukipun] Radèn Seta, saking kathahipun angsal papêjah, adamêl girising mêngsah. Anuntên Bisma kalihan Druna sabalanipun anulungi, Jayasena angundha gada, tiningalan angajrihi, Radèn Rukmarata anulungi ingkang rama Prabu ing Măndaraka, nitih rata mêthukakên pangamukipun Radèn Seta, lajêng dipun lêpasi jêmparing dening Radèn Seta, kenging jajanipun, dhawah gumuling pêjah wontên salêbêting rata, bala ing Wiratha ingkang dipun senapatèni Radèn Seta, asarêng pangangsêgipun, tandangipun kados banthèng kataton, para ratu para adipati katrajang kathah ingkang tumpês, bala ing Ngastina giris, sami bibar mawur, kados kidang aningali sima, saking mirisipun bala ing Ngastina, palajêngipun botên kenging dipun andhêg dhatêng pangagêngipun. Malah sangsaya sangêt, awit Radèn Gathutkaca, Drusthajumêna sarta Radèn Ăngkawijaya sami dhatêng ambiyantoni Radèn Seta, sarêngan sami anêmpuh bala ing Ngastina. Anuntên Senapati Bisma ngamuk, para andêl-andêling Korawa sami tumut, ajêng-ajêngan [ajêng- ...]

--- 286 ---

[... ajêngan] kalihan Radèn Seta, dados tandhing sami senapati, Radèn Seta dipun lêpasi jêmparing dhatêng Bisma, wêdalipun ambrubul, angêbêki ing awang-awang, andhawahi Radèn Seta, sariranipun murub nanging botên tumama, Radèn Wrêkodara kalihan Radèn Dananjaya anulungi dhatêng Radèn Seta, sami anglêpasakên jêmparing, ambarubul kados jawah, ingkang dipun angkah Senapati Bisma, anuntên Suyudana anulungi dhatêng Bisma, kenging ing jêmparing jajanipun. Botên pasah nanging karaos sakit, lajêng mundur anêkên[28] jaja, giris botên sagêd ngandika. Para Korawa angrubung, sarta andhèrèkakên konduripun sang nata.

Senapati Bisma sarêng aningali bala ing Ngastina gusis, amargi dipun amuk dhatêng Radèn Seta, sakalangkung nêpsunipun, ngadêg wontên ing ratanipun, anglêpasakên jêmparing, ambrubul wêdalipun, andhawahi Radèn Seta. Radèn Seta lajêng mênthang langkap, ingkang dipun angkah, kenging baunipun, botên pasah, malah jêmparingipun tugêl. Radèn [Ra ...]

--- 287 ---

[... dèn] Seta senapatining Pandhawa sangêt nêpsunipun, aningali tugêling jêmparing, Bisma botên pasah. Enggal mêdhun saking rata, anyandhak gada, lumumpat dumugi panggenanipun Bisma, Bisma dipun gada angoncati, malumpat saking rata, dados namung ratanipun ingkang kenging, rêmuk sakusir kapalipun. Seta sangsaya nêpsu, manêngah angobat-abitakên gada. Para ratu ingkang nitih rata, utawi ingkang nitih gajah, kababit ing gada, sami rêmuk sarêng kalihan kusir kapal sarta gajahipun. Ratu gangsal ingkang pêjah rêmuk kalihan ratanipun. Ingkang ajur kalihan gajahipun inggih gangsal. Wondening para adipati ingkang pêjah kathah. Seta saèstu yèn sêkti tanpa tandhing. Bala ing Ngastina mawur, giris aningali pratingkahing pangamukipun Seta, kados upaminipun danawa sèwu sarêngan angangkah daging. Gadanipun angebat-ebati sarta anggagilani. Bisma giris aningali Seta wuru ing pangamukipun, lajêng mundur saking paprangan. Anuntên dewa anyuwara saking awang-awang: Hèh Bisma, apa mulane

--- 288 ---

sira mundur saka ing paprangan, wruhanamu, patine putra ing Wiratha iya dening sira. Bisma mirêng swaraning dewa lajêng wangsul, sarwi amênthang jêmparing latu, lumêpas kenging jajanipun Seta butul, lajêng pêjah. Bala ing Ngastina surak gumêrah, ingkang sampun sami lumajêng wangsul sadaya, giyak-giyak sami anjogèd. Arya Dursasana akiprah-kiprah, Arya Sindurêja anggêndhing, Jayasusena Jayawikatha, Srutayuda, Yutayuni, Sudirga, Sudira, Reka Durjaya, Wirya sarta Kartamarma, sami surak-surak. Wondening bala Pandhawa sami prihatos kêkês, awit senapatinipun pêjah, gumrubyug saking wingking sami dhatêng ngajêng. Sang Prabu Maswapati ing Wiratha, sarêng dipun pratelani, yèn ingkang putra tiga pisan pêjah, lajêng tandang kalihan Arya Nirbita, Bisma dipun jêmparing, ambrubul wêdalipun. Bisma inggih nglêpasakên jêmparing, dados têmpuh jêmparing sami jêmparing, Pandhawa sami nêpsu, sarêngan tumandang, ngamuk sami angêbyuki, ciptaning manah suka lila sarênga sirna kalihan Prabu Maswapati, bala Pandhawa

--- 289 ---

gumrubyug arêbat rumiyin, anêmpuh bala Korawa, mawur sami miris. Anuntên kasaru sêrapipun ing srêngenge, kados anyapih ingkang sami sayah ing pêrang, isthanipun kados amèngêti, kapurih sami asoa rumiyin, benjing pêranga malih.

Ingkang sami pêrang mundur dhatêng pasanggrahanipun piyambak-piyambak, sarta sami sangêt ing sayahipun, Prabu Maswapati sawêg amuwuni pêjahing putra têtiga, jisimipun sampun kapanggih sadaya, dipun bêrsihi sarta dipun saèni. Sang nata akalihan ingkang garwa sakalangkung sêkêl ing galih, dene ingkang putra takpih[29] sami anèm-anèm sarta bagus-bagus pêjah, galihipun sang nata akalihan ingkang garwa kados rinujit kapara tiga. Pramèswari angrangkul layoning putra kagêntos-gêntos, sasambatipun amamêlas: Adhuh anakku, dene têka mati têlu pisan, sapa sing bakal anggêntèni jumênêng ratu ing nagari Wiratha, lah tangia ênggèr, sapanên ibumu têka, apa mulane kowe padha mênêng bae, dene têka barêng

--- 290 ---

patimu, êmbok iya karia siji, ana kang dadi panglipuring prihatin. Dhuh anakku Seta, Utara, Wirasăngka, mung kowe sing dadi marganing rêdatin. Iya dewa, banjutên aku.

Kèndêl kacariyos pamuwunipun pramèswari ing Wiratha, anuntên Pandhuputra sami dhatêng, ambêkta pangangge, angurmati dhumatêng ingkang sami pêjah, layon rinubung sarta dipun muwuni, sasampuning linuruban, lajêng kainggahakên dhatêng pancaka. Dalu sasirêping tiyang pinuju padhang rêmbulan dipun bêsmi, mawi dipun jênêngi ing para ratu, sarta ing para Pandhawa sadaya. Prabu Krêsna amamujèkakên, mugi sami amanggiha swarga, anêtêpana ingkang sampun dados janji, ganjaranipun dhatêng ingkang sami pêjah ing pêrang Bratayuda, awunipun kapusus minggah dhatêng suralaya.

Sabibaring pakurmatan pambêsmining layonipun putra ing Wiratha tatiga, Prabu Maswapati kalih para ratu ingkang anjênêngi wau, sami kondur dhatêng pasanggrahan. Apirêmbagan kalihan Prabu Krêsna, mênggah ingkang badhe kakarsakakên dados senapati, lintunipun ingkang [ingkan ...]

--- 291 ---

[... g] sampun pêjah. Wondening ingkang kapilih dhatêng Prabu Krêsna, Drusthajumêna, punika dadosa lintuning senapati, sarta asalina gêlar Garudha Nglayang, para ratu para adipati sarta para mantri sapangandhap sami angguyubi karsanipun Prabu Krêsna, anuntên Radèn Drusthajumêna dipun puja sarta dipun kutugi.

__________

Prabu Salya lajêng têdhak ing jawi, aningali srêngenge sampun malêthèk. Balanipun sampun pêpak. Nuntên wangsul angrangkul sarta angarasi ingkang garwa, pangandikanipun: Nimas karia sare, aku pamit pêrang. Anggènipun ngandika makatên punika sarwi amêgêng waspa. Prabu Salya lajêng dandos. Srêngenge sampun inggil. Balanipun dangu anggènipun sami ngêntosi, Prabu Salya miyos anitih rata, balanipun lajêng anabuh têngaraning pêrang, saha angrakit gêlar, Prabu Suyudana sabalanipun angumpul wontên ing ngriku.

Pandhawa inggih sampun ngrakit gêlar saha anabuh têngara, lajêng mangsah ing pêrang, têmpuh ing pêrang [pê ...]

--- 292 ---

[... rang] kados mêndhung pêthukan sami mêndhung, ramening pêrang swaranipun kados rêdi jugrug. Sampun kathah ingkang pêjah, Korawa sami mêsthèkakên, yèn Pandhawa badhe tumpês dening Senapati Salya. Prabu Salya amêdalakên aji căndhabirawa, nuntên kathah sarta warni-warni danawa ingkang mêdal saking sariranipun. Angêbêki ing paprangan. Sarta sami ambêkta dêdamêl. Ambujêng mêngsah, anggadani, amêdhangi saha anyakoti mêngsah, yèn kawalês dipun pêjahi, sangsaya wêwah kathah. Korawa sorak gumêrah, sarta sami suka aningali. Bala Pandhawa kathah ingkang pêjah, giris sami lumajêng, angungsi wingkingipun Prabu Krêsna saha Prabu Yudhisthara.[30] Prabu Krêsna lajêng angundhangi bala Pandhawa sadaya, andikakakên ambucali dêdamêlipun, sarta sami kakudhunga, lajêng sami anglampahi dhawuhipun Prabu Krêsna sadaya. Danawa ingkang mêdal saking aji căndhabirawa lajêng sami dhêlog-dhêlog kemawon. Angadhêpi mêngsahipun.

Prabu Krêsna nuntên angatag dhatêng Prabu Yudhisthira, [Yudhisthi ...]

--- 293 ---

[... ra,] amêthukna pêrangipun Salya, Prabu Yudhisthira enggal anitih rata, majêng dhatêng ing paprangan. Prabu Salya amatak aji căndhabirawa malih, ambrubul wêdaling danawa saking sariranipun. Agêng-agêng sarta kathah, angungkuli ingkang rumiyin. Sami amurugi Prabu Yudhisthira. Prabu Yudhisthira enggal amawas kalimausada, amêdalakên latu anglangkungi agêngipun. Latu wau lajêng ambêsmi danawa wau, têlas kabêsmi sadaya. Prabu Yudhisthira lajêng anglêpasabên[31] kalimausada, Prabu Salya kenging jajanipun pêcah, gumêbrug dhawah ing rata, bala Pandhawa surak gumêrah, sarta ambyuk ambujêng mêngsah, Korawa lumajêng ing sapurug-purug. Nanging kathah ingkang kacandhak pêjah, tuwin têluk. Patih Sangkuni kacandhak dhatêng Radèn Wrêkodara, lajêng dipun sêmpal-sêmpal. Prabu Suyudana lajêng kondur dhatêng pasanggrahanipun, sabala punggawa saha satriyanipun.

Wontên Bupati ing Măndaraka satunggil sampun sêpuh, kataton kalanipun andhèrèk Prabu Salya amêdali pêrang, punika apratela [a ...]

--- 294 ---

[... pratela] dhumatêng Dèwi Sêtyawati, yèn ingkang raka seda wontên ing paprangan. Sarêng dipun pratelani makatên. Dèwi Sêtyawati lajêng kantu, sasampuning èngêt, kêkahing karsa badhe ambelani ingkang raka, lajêng nitih rata sarwi angasta patrêm. Kadhèrèkakên ing parêkan satunggil. Anama Sugandini, sumêdya tindak dhumatêng ing Kurusetra, angupadosi layonipun ingkang raka. Sarêng andungkap dumugi ing Kurusetra, ratanipun rêmuk. Dados kapêksa tindak dharat. Angupadosi layoning raka, dangu-dangu pinanggih, Dèwi Sêtyawata[32] enggal angunus patrêm. Katamakakên ing jajanipun. Lajêng seda, parêkan ingkang nama Sugandini agih[33] suduk sarira, ambelani gustinipun. Anuntên para dewa saha para widadari sami angira nyawanipun Prabu Salya, akalihan nyawanipun Dèwi Sêtyawati, dhumatêng ing suralaya, wontên ing ngriku sami pikantuk kanugrahaning swarga.

Kacariyos Prabu Suyudana, sabêdhahipun nagari ing Ngastina, saking mirisipun asingidan [asi ...]

--- 295 ---

[... ngidan] wontên sungapaning sagantên. Angêdhêm ing toya, ananging katitik pasingidanipun dening bala Pandhawa, lajêng kapratelakakên dhumatêng Prabu Yudhisthira, saha dhumatêng Prabu Krêsna, nuntên sami bidhal sabalanipun. Sadhatêngipun wontên sungapaning sagantên. Bala Pandhawa sami sumêrêp ing solahipun Prabu Suyudana angêdhêm salêbêting toya, Wrêkodara anyumbari saking ing dharatan, sarta anguwus-uwus. Awit botên prayogi yèn ratu kawon pêrangipun lajêng singidan ajrih manawi pêjah, kapurih mêntasa badhe kaajak prang tandhing, Prabu Suyudana sarêng mirêng enggal mêntas saking toya, reyab-reyab sarta kalêbus. Anjujug ing ngarsane Prabu Krêsna, Prabu Krêsna anantun. Punapa purun kaabên prang tandhing kalihan Wrêkodara, wangsulanipun Suyudana inggih purun. Prabu Krêsna parentah dhatêng balanipun. Kinèn anyukani busana karajan dhatêng Prabu Suyudana, sarta dêdamêl gada. Nuntên kasaru rawuhipun Prabu Baladewa ing Madura, saking tapa sangandhaping grojogan toya [to ...]

--- 296 ---

[... ya] agêng, Prabu Krêsna kalihan Prabu Yudhisthira sasadhèrèkipun enggal sami mêthuk sarta ambagèkakên. Sarta apratela, yèn Prabu Baladewa botên amêningi prang Bratayuda, nanging badhe amêningi prang tandhingipun Wrêkodara kalihan Suyudana, Prabu Baladewa kaaturan angidinana, wangsulanipun Prabu Baladewa, mila enggal kondur saking pratapan, awit dipun sanjangi dhatêng Sang Hyang Narada, yèn badhe botên amêningi prang Bratayda, dene ing mangke inggih sumêja angidini dhatêng ingkang badhe sami prang tandhing, wondene Prabu Suyudana wau sarêng aningali rawuhipun Prabu Baladewa, sakalangkung bingahing galihipun. Cipta badhe wontên kang mitulungi ing sariranipun. Awit nagari Madura punika kabawah ing nagari Ngastina, sarta Prabu Baladewa kadamêl ratu andêl-andêling prang.

Sasampuning Prabu Suyudana angagêm busana karajan, sarta angasta gada agêng, lajêng wiwit prang tandhing kalihan Wrêkodara, Arjuna maras ing galih, bilih ingkang raka kasoran prangipun. [prang ...]

--- 297 ---

[... ipun.] Enggal matur pitakèn dhatêng Prabu Krêsna, sintên kang badhe kasoran prangipun. Prabu Krêsna anyêrêpakên. Sarta Arjuna kadhawahan angèngêtna dhatêng Wrêkodara, saking katêbihan kemawon. Yèn pangapêsanipun Prabu Suyudana wontên pupunipun kang kiwa, Arjuna enggal anyakêti ing sawatawis dhatêng kang aprang tandhing, Arjuna angêjèpi sarwi anampèl wêntisipun kang kiwa, Wrêkodara sakêdhap aningali pamangsitipun ingkang rayi, sampun anampèni, enggal ngangsêg prangipun sumêja ngrukêt. Suyudana kèwêdan. Sumêja ngoncati amapan kang ombèr, lajêng milar, nanging sinarêngan sinabêt ing gada dhatêng Wrêkodara, kenging wêntisipun kiwa, Suyudana ambruk. Lajêng pinupuh ing gada, jinambak sarta dhinupakan dhatêng Wrêkodara. Prabu Baladewa sangêt murina ing galih, awit pamalanipun Wrêkodara sawênang-wênang, botên angangge cara pranging ratu, enggal anyandhak nanggala, kaayatakên dhatêng Wrêkodara, Prabu Krêsna sarêng aningali gugup ing galih, enggal anyandhak nanggalanipun [nanggala ...]

--- 298 ---

[... nipun] Prabu Baladewa, sarwi matur ngrêrapu, sampun ngantos andahwèni ing solahipun Wrêkodara, mila amanggih pêjah siya-siya makatên, awit Prabu Suyudana punika kenging ipat-ipating Bagawan Mèntria, kalihan kenging panêdhanipun Dèwi Drupada,[34] sabab Dèwi Drupadi wau kala rumiyin siniya-siya, dados Wrêkodara punika drêmi amalêsakên. Prabu Baladewa sampun lilih galihipun. Lajêng kaaturan angrumiyinana lumêbêt dhatêng nagari Ngastina, Prabu Baladewa inggih lajêng amiturut ing aturipun ingkang rayi Prabu Krêsna.

Sapêngkêripun Prabu Baladewa, Wrêkodara andumugèkakên ing sakarsanipun gèning damêl sawênang-wênang dhatêng Suyudana, sarêng Suyudana sampun rêmuk badanipun lajêng anyuwara, botên purun pêjah yèn dèrèng atapakan sirahing Pandhawa, nanging swara wau botên kapaèlu dhatêng Wrêkodara, Prabu Krêsna kalihan Prabu Yudhisthira, Wrêkodara sabalanipun nuntên sami wangsul dhatêng pasanggrahan. Jisimipun Suyudana katilar wontên ing ngriku. Kala

--- 299 ---

samantên Prabu Krêsna kalihan Prabu Yudhisthira dèrèng karsa lumêbêt dhatêng nagari Ngastina, sabên ing wanci dalu sami midêr-midêr ing tilas papan paprangan. Tuwin ing wana sarta ing rêdi.

Kacariyos wontên putranipun jalêr Pandhita Druna satunggil, anama Aswatama, punika kalanipun taksih salêbêting prang Bratayuda, apadudon kalihan Prabu Salya, mèh dados păncakara, nanging Prabu Suyudana anglêrêsakên Prabu Salya, Aswatama sakit manahipun. Lajêng kesah tapa wontên satêngahing wana, bêdhahipun ing nagari Ngastina Aswatama botên sumêrêp. Kala samantên Aswatama sangêt kagèt kadhatêngan garwanipun Prabu Suyudana, sarta santana ing Ngastina kêkalih, anama Karpa, kalihan Kartamarma, sami sanjang yèn ing Ngastina sampun bêdhah, Prabu Suyudana ical ing satêngahing pêrang, botên kantênan pêjah gêsangipun. Aswatama ngêrês manahipun. Awêlas dhatêng Prabu Suyudana, ciptanipun badhe ambelani ing kasusahan. Lajêng mangkat saking wana. Alampah pandung, sumêja anyidra para pangagêngnging [pangagêng ...]

--- 300 ---

[... nging] Pandhawa, Karpa, Kartamarma inggih tumut. Sadumuginipun ing pasanggrahan wanci dalu, Prabu Krêsna pinuju kesah midêr-midêr, Prabu Yudhisbira[35] sasêduluripun gangsal inggih sami andhèrèk. Aswatama wau lajêng anjujug pasanggrahanipun Drusthajumêna kalihan Dèwi Srikandhi, kalih pisan sampun sami katigas jangganipun. Ing pasanggrahan gègèr sarta tangis gumêrah Aswatama lajêng ngamuk angagêm jêmparing latu, kathah angsalipun papêjah, Radèn Păncawala, putranipun jalêr Prabu Yudhisthira, tumuntên wungu, amêthukakên pangamukipun Aswatama, dangu sami alancaran jêmparing, Păncawala kasoran. Sampun pêjah amargi dipun jêmparing, Aswatama tuwin Karpa, punapadene Kartamarma, tumuntên mundur dhatêng wana malih. Sarêng wanci byar Prabu Krêsna kalihan Prabu Yudhisthira sasêduluripun sami rawuh ing pasanggrahan, kagèt mirêng swaraning tangis gumêrah, lajêng kapratelan. Yèn Păncawala, kalih Drusthajumêna, tiga Dèwi Srikandhi, sami pêjah, amargi dipun cidra dhatêng Aswatama, Prabu Yudhisthira sasêduluripun lajêng [la ...]

--- 301 ---

[... jêng] sami muwun sarta sangêt prihatos. Prabu Krêsna tansah amituturi supados sampun ngantos sami sangêt prihatos. Awit ingkang sami pêjah wau sampun kalêbêt ing papêsthènipun piyambak, anuntên kagèt ing rawuhipun Bagawan Abiyasa, ingkang eyang Prabu Yudhisthira, botên wontên ingkang sumêrêp ing sangkanipun. Awit Bagawan Abiyasa wau sampun gêntur ing tapanipun, sampun prasasat dewa, ingkang sami muwun lajêng sirêp. Enggal sami ngabêkti dhatêng ingkang sawêg rawuh, Bagawan Abiyasa nuntên amituturi dhatêng para wayahipun kang sami prihatos. sami angicalna ing prihatosipun. Awit tanpa damêl yèn kagaliha, sarta sampun kalêbêt ing papêsthènipun. Kalihan sami kapurih angèstokna sarta anglampahana ing sabarang parentahipun Prabu Krêsna, amasthi badhe amanggih kamulyaning pêjah, balik ingkang botên sami anglampahi, saèstu badhe manggih sangsaraning pêjah, sabab Prabu Krêsna punika titisipun Bathara Wisnu, mila prayogi [prayo ...]

--- 302 ---

[... gi] yèn dipun nuta, sanajan dewa ing suralya inggih botên wontên purun ambadali parentahipun Bathara Wisnu, para wayah tuwin kang sami prihatos wau, ing sakala sami ical ingkang prihatosipun. Bagawan Abiyasa lajêng pamit, musna saking ing ngriku.

Anuntên wontên bala ingkang amratelakakên ing panggenanipun Aswatama, wontên ing dhukuh satêngahing wana, Karpa kalihan Kartamarma inggih tumut wontên ing ngriku, Prabu Krêsna sarta Prabu Yudhisthira lajêng bidhalan sabalanipun. Sumêja anglurugi Aswatama, dhukuh pratapanipun Aswatama sampun kinêpang sarta sinurakan. Aswatama, Karpa, Kartamarma sami mêdal amêthukakên pêrang, Aswatama angayatakên jêmparing, anama cundhamanik, wasiyat saking bapakipun kang nama Pandhita Druna, sarêng kawawas mêdal latu agêng, Prabu Krêsna enggal ngatag dhatêng Arjuna, anangkisa jêmparing latu wau, Arjuna lajêng amawas jêmparing pasopati, inggih mêdal latu agêng, atêmpuh sami latu, saking agênging [a ...]

--- 303 ---

[... gênging] latu urubipun sundhul ing suralaya, para dewa sami kagegeran. Bathara Guru enggal angutus Sang Hyang Narada, andhawahakên daduka dhatêng kang pêrang, awit purun-purun amêdalakên jêmparing latu, Sang Hyang Narada nuntên tumurun. Ingkang sami pêrang kadhawahan angracuta jêmparingipun latu, awit jêmparing kêkalih punika sami dêdamêl ing suralaya, botên kenging yèn kaanggea wontên ing marcapada, amasthi badhe angrisakakên. Arjuna sasampunipun angracut jêmparingipun latu, nuntên matur dhatêng Sang Hyang Narada, milanipun purun anglêpasakên jêmparing punika, awit saking parentahipun Prabu Krêsna, kinèn anangkis, Sang Hyang Narada sarêng mirêng sangêt suka ing galih, sarta angapuntên dhatêng Arjuna, Sang Hyang Narada lajêng andhawahakên daduka dhatêng Aswatama, dene purun-purun anglêpasakên jêmparing cundhamanik. Sabab punika pêparingipun Bathara Guru dhatêng Pandhita Druna, sarta sampun kawalêran. Botên anglilani yèn kaanggea pêrang, atur

--- 304 ---

wangsulanipun Aswatama, mila purun anglêpasakên cundhamanik, amung kadamêl angajrih-ajrihi kemawon, sabab sumêrêp yèn latuning cundhamanik wau botên purun ambêsmi ing tiyang kang botên sumêja sikara, Sang Hyang Narada inggih lajêng angapuntên dhatêng Aswatama, nanging jêmparing cundhamanik kapundhut, lajêng kaparingakên dhatêng Arjuna, inggih sampun katampèn. Nuntên Prabu Krêsna matur dhumatêng Sang Hyang Narada, botên parêng yèn angapuntêna dhatêng Aswatama, sabab sampun anglampahi kadursilan. Anyidra Dèwi Srikandhi, kalih Păncawola, tiga Drusthajumêna, ingkang dados karsanipun Prabu Krêsna, benjing yitmanipun Aswatama kalêbêtna ing naraka salaminipun. Ing mangke inggih botên kapêjahan, awit dèrèng mangsanipun. Benjing putranipun Abimanyu kang nama Prabu Parikêsit. Punika kang badhe amêjahi Aswatama, nanging samangke taksih wontên ing wawratan. Dene yitmanipun Kartamarma katitisna dhatêng sawarninipun kang asih ing bêbangêr, amung Karpa [Kar ...]

--- 305 ---

[... pa] kang dipun apuntên, sabab botên andarbèni manah kadursilan piyambak, aming kapêksa saking ajrihipun dhatêng Aswatama, ing mangke taksih anglulusakên gènipun darbe lampah kapandhitan. Sang Hyang Narada tuwin para dewa sadaya inggih sami amiturut angentokakên[36] ing karsanipun Prabu Krêsna, nuntên sami mumbul wangsul dhatêng suralaya.

Prabu Krêsna nuntên anjumênêngakên nata ing Prabu Yudhisthira wontên ing nagari Ngastina, kaèstrenan dening Prabu Baladewa sarta para ratu sasuruhan, tuwin para jawata ing suralaya inggih sami tumurun angidèni jumênêngipun nata, kala panjênênganipun Prabu Yudhisthira nagari ing Ngastina sakalangkung arja, tatiyangipun sami suka, botên wontên kang pinalang galih, awit karêksa dening Prabu Krêsna kalihan Arjuna, bilih wontên ingkang alampah doracara enggal kapapas. Ingkang bodho kasêrêpakên. Ingkang musakat kaparingan dana lumintu, mila [mi ...]

--- 306 ---

[... la] sangêt kaeringan dening mêngsah. Sarêng sampun lêstantun jumênêngipun nata Prabu Yudhisthira, Prabu Baladewa kalihan ratu ing Withara,[37] ing Cêmpala, tuwin para ratu sanèsipun, lajêng sami pamit mantuk dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Amung Prabu Krêsna kang taksih anênggani wontên ing Ngastina.

--- [307] ---

Punika Cariyosipun Panji Kudawanèngpati Gandrung Angrèni

--- [308] ---

...

--- 309 ---

Sigêg, kacatur Nata ing Kêdhiri Raja Jayanêgara, amidhangêt wêrti, yèn Panji Kudawanèngpati sampun pala-krami pikantuk Dèwi Angrèni, sarta ing ngriku kadhatêngan kang raka èstri nama Kilisuci, ing ngriku Nata Kêdhiri matur dhatêng kang raka Kilisuci: Kangbok, atur kawula ing sampeyan, rèhning mangke putra sampeyan Panji Kudawanèngpati sampun agarwa, angsal pun Angrèni, kadipundi kêrsanipun kakang Prabu ing Jênggala anggèning mundhut pêpacangan putra sampeyan pun Êbèng Sêkartaji, punapa mêksih lêstantun: utawi botên. Yèn supami anglêstantunake, inggih kawula antos. Yèn supami wande, mugi wontêna dhawuhipun, supados ecane manah kawula, prêkawis punika borong punapa sampeyan. Pangandikane Kilisuci: Inggih, adhi Prabu Kêdhiri, kula ing mangke amratelakakên dhatêng raka jêngandika Prabu Jênggala. Kilisuci nuntên bidhal dhatêng ing Jênggala, anjujug dhatêng ing kasatriyan, pêdalêmane Panji Kudawanèngpati, [Kudawa ...]

--- 310 ---

[... nèngpati,] dèntên wau Radèn Panji Kudawanèngpati sarêng agarwa pikantuk Dèwi Angrèni, botên sowan-sowan dhatêng kang rama, langên pêpasihan kêlayan kang garwa. Ing sarawuhipun kang uwa, Radèn Panji gêpah amanggihi. Pangandikanipun Kilisuci, kulup, ingsun têtuwi maring sira, dene ingsun kêrungu wêrta, yèn sira wis agarwa olèh anake Si Kakang Patih Kudanawarsa: Si Angrèni, iya luwih prayoga: putrane ratu anjajar garwa padha putri, loro utawa papat utamane. Panji Kudawanèngpati matur, inggih uwa, kawula matur saèstu ing sampeyan, yèn kawula sampun botên miyah pisan-pisan asemaha malih: liyanipun adhimas Angrèni, sumilih kawula sampun pinacang-pacang kêlayan Sêkartaji: putri ing Kêdhiri, sayêktos kawula botên purun, yèn agarwaa Sêkartaji, amung satunggal Angrèni dadosa garwa kawula, dèntên Sêkartaji inggih kramèkna ing liyane. Kilisuci ngandika, iku aja mêngkono, wis prayogane putrane

--- 311 ---

ratu agarwa loro têtêlu. Panji matur, sampun botên ngintên, yèn agarwaa malih.

Kilisuci lajêng pamit mantuk dhatêng prêtapanipun ing wana Kêpucangan, nanging ing saèstunipun lajêng sowan dhatêng kang rayi Rata ing Jênggala, ugi sampun pinanggih: sami lênggah jajar. Kilisuci lajêng matur dhatêng kang rayi, adhi: pramila kawula sowan ing adhi prabu: sêprêkawis, kalih prêkawis. Kang sêpindhah: lami botên panggih, kaping kalih: wontên aturipun rayi jêngandika adhi Prabu ing Kêdhiri, botên punapa: sarèhning ing ngajêng putra sampeyan Panji Kudawanèngpati pinacang-pacang kêlayan putrane adhi prabu ing Kêdhiri: pun Êbèng Sêkartaji, măngka ing mangke kulup Panji Kudawanèngpati sampun agarwa angsal pun Angrèni, punika kadospundi kêrsane adhi prabu anggèning paring besan kêlayan adhi prabu ing Kêdhiri, kang mawi rayi sampeyan ing Kêdhiri langkung èmêng ing galih, dèntên dèrèng manggih dhawuh sampeyan, lêstantunipun lan botêne pamundhut sampeyan paring besanan. Pêngandikane [Pêngandika ...]

--- 312 ---

[... ne] Nata Jênggala, botên kadosa: kangbok. Inggih kawula lêstantunake, botên wontên pangandikane ratu wali-wali, klayan sampun pantêsipun putrane ratu anjèjèr garwa sami putri. Kilisuci matur, inggih lêrês, adhi prabu: karsa sampeyan. Ananging wau kawula sampun pinanggih kêlayan putra sampeyan pun Panji, kaula têtêr: sampun botên ngintên pisan-pisan, yèn agarwaa malih, amunga pun Angrèni satunggal dadosa garwanipun. Sampun botên kenging kasêngkakakên malih.

Pangandikane Nata Jênggala, yèn mêkatêna, kangbok, putra sampeyan pun Panji kêdah andamêl cidranipun jangji kawula dhatêng adhi Prabu Kêdhiri, yèn sapunikaa: kangbok, sampeyan kondur dhatêng wana Kêpucangan, ing mangke putra sampeyan Panji kawula apus.

Kilisuci lajêng pamit mantuk dhatêng Kêpucangan. Ing sapungkuripun Kilisuci, Nata Jênggala utusan dhatêng sêntana: wasta Tumênggung Adiraja: animbali kang putra Panji Kudawanèngpati dhatêng kêsatriyan. [kê ...]

--- 313 ---

[... satriyan.] Ugi sampun pinanggih klayan Radèn Panji, ature Tumênggung Adiraja, anggèr: Kawula kautus rama sampeyan Nata Jênggala, yèn panjênêngan sampeyan ing mangke katimbalan rama sampeyan.

Pangandikane Radèn Panji, inggih sandika: sandika: uwa: kula aturi sowan rumiyin, mangke kawula gêntos tapak. Tumênggung Adiraja enggal wangwul.[38] Ing wingking Radèn Panji Wanèngpati malêbêt dalêm kêputrèn angimur-imur dhatêng kang garwa Dèwi Angrèni, pêngandikane Panji: Nimas, ingsun katimbalan kangjêng rama, ananging abot ênggon ingsun ninggal marang sira. Ature kang garwa, kawula: kang mas, inggih sêmantên ugi, sakêlangkung sangêt sumêlanging manah, yèn sampeyan tilara, ananging kadipundi malih, rèhning panjênêngan sampeyan mêksih katimbalan rama sampeyan, inggih sampeyan sowan.

Ing ngriku Radèn Panji lajêng angrangkul dhatêng kang garwa, sarta pamit. Iya: nimas, ingsun seba sêdhela ing kangjêng rama. Ing ngriku Radèn [Radè ...]

--- 314 ---

[... n] Panji lajêng mangkat, mêdal saking dalêm kesatriyan. Sarêng dumugi ing kori jawi, wangsul dhatêng kêputrèn, rumaos botên wagêd anilar dhatêng kang garwa. Ngantos wangsul kaping tiga dumugi kori: wangsul ing kêputrèn, sakêlangkung awrat anilar dhatêng kang garwa: saking rumakêting pêpasihan. Têmah supe ing dewane: bidhal saking dalêm kêsatriyan, ingkang wingking kajurung dening dewanipun.

Lêstantun wau Radèn Panji Kudawanèngpati sowan dhatêng kang rama, ing sarawuhipun ngarsane kang rama, lajêng anungkêmi padane kang rama, sampune lênggah, kang rama ngandika: Radèn, mulane sira ingsun timbali, ing mêngko sira ingsun utus maring wana Kêpucangan, angaturana uwakira Kilisuci, ingsun aturi rawuh ing Jênggala, poma: uwakira dèn kiring, aja sira nganggo mampir ing kêsatriyan maning. Radèn Panji matur sandika, saha lajêng bidhal dhatêng wana Kêpucangan. Ing pêngkêripun wau Panji: ing ngriku enggal Nata Jênggala animbali kang putra nami Tumênggu[39] Brajanata, ugi sampun dhatêng ing ngarsane kang rama, [ra ...]

--- 315 ---

[... ma,] pangandikane, iya: putraningsun Brajanata, mulane sira ingsun timbali, iki kagungan manira curiga, sira dilèkna wêrăngka kang bêcik. Poma: dèn olèh. Sira ingsun supatani, lamun ora olèha. Brajanata matur sandika, saha lajêng anampi curiga wau saking kang rama, saha sampun sumêrêp ingkang dados karsane kang rama. Brajanata nuntên nuwun pamit, sarta ambêkta curiga wau, lumampah dhatêng dalêm kêsatriyan.

Kacatur ingkang wontên ing dalêm kêputrèn kêsatriyan, Dèwi Angrèni sineba dene êmban inya. Pangandikane Dèwi Angrèni: iya: êmban, ingsun mau sare sêdhela, têka supêna anganggo busana sarwa anyar, iku kêpriye wahanane. Ature kang punang êmban. Ratumas, saking borong kawula supêna sampeyan punika sae, badhe kaparingan busana raja pêngangge kang endah-endah kêlayan raka sampeyan dara Radèn Panji. Wau Dèwi Angrèni ênggèning cêcaturan kalayan para êmban dèrèng nutug, kêsaru rawuhipun Tumênggung Brajanata [Bra ...]

--- 316 ---

[... janata] ing dalêm kêsatriyan. Gêpah Dèwi Angrèni amanggihi, saha matur, inggih: Pangeran Brajanata, rawuh sampeyan ing kêsatriyan katuran pêmbagi, punapa kang kinarsakake. Brajanata ngandika, mulane: adhi: ingsun têka ing kene, dikongkon lakinira: adhimas Panji Kudawanèngpati, mau adhi Panji kautus kangjêng rama maring pêlabuhan kamal, iku ing mêngko sira diwêkasake lakimu, ingsun dikon angatêrake maring pêlabuhan kamal. Dèwi Angrèni matur sandika, saha lajêng malêbêt ing dalêm kaputrèn, angringkêsi barang raja pênganggo pèni raja pèni kang kumrêbut kang kumrincing, pêparing saking kang raka Panji, sabab Dèwi Angrèni sampun anggrahita ing galih, yèn sampun dados karsanipun sang prabu ing Jênggala. Sapuning barang sami karingkês, Dèwi Angrèni lajêng mêdal asinjang pêthak, kasêmêkan jingga. Brajanata ngandika, masaa: adhi: sira têka pênganggo kaya mêngkono. Ature Dèwi Angrèni, inggih: peran, makatên kemawon inggih sampun, ngawis punapa malih. [ma ...]

--- 317 ---

[... lih.] Iya: adhi: ayo aja kêlayatan, lan para êmban inya aja ana kang mèlu.

Brajanata kalih Dèwi Angrèni lajêng mêdal saking kori kêsatriyan. Ing ngriku wontên satunggal êmban, wasta Condhong, botên kenging kantun, ambondhèti dhatêng bêndarane Dèwi Angrèni. Sarêng Dèwi Angrèni mêdal saking kori kalayan satunggal êmban wau, kori nuntên tinangkêb dening Brajanata: sarta kapaku, botên wagêd mêdal inya liyanipun. Dèntên Tumênggung Brajanata lêstantun angirid Dèwi Angrèni dhatêng pêlabuhan Kamal. Wau Brajanata kèndêl ing sangandhape kajêng angsoka, pêngandikane Brajanata, adhi Angrèni, lèrèh ing kene dhimin. Dèwi Angrèni têdhak saking joli, sarta mulat kanan kering, botên aningali punapa-punapa, aming katingal wana kemawon. Dèwi Angrèni matur, Peran Brajanata, ing pundi panggenane rayi sampeyan Radèn Panji, dèntên botên wontên katingal. Brajanata nauri, iya: adhi: ing mêngko sira ingsun tuturi, ing saèstune [saèstu ...]

--- 318 ---

[... ne] kangmasmu Panji Kudawanèngpati kautus kangjêng rama maring wana Kêpucangan, ngaturi uwa Kilisuci, dening ingsun kautus kangjêng rama anêlasi maring sira. Ature Dèwi Angrèni, punapa: peran, dosa kula, dados kinarsakakên mêjahi. Brajanata nauri, adhi, ora ana dosamu, margarne sira kinèn anêlasi, yèn sira isih urip, adhimas Panji ora lêstari pala-krama karo Si Sêkartaji, têmah wurung kang pinacang salawase, dadi cidra pangandikane rama nata. Aturipun Dèwi Angrèni, yèn sapunika kêrsanipun rama sampeyan, inggih kawula sumanggakakên pêjah gêsang kawula, sumăngga sampeyan lêstantunake, botên langkung sêmbah pangabêkti kawula kemawon sampeyan aturakên dhatêng Kangmas Panji Kudawanèngpati, sarta minantên wontên kalêpatan kawula ing kangmas Panji: utawi ing sampeyan, mugi samia angapuntên ing kawula. Nuntên Dèwi Angrèni angandika dhatêng êmban Condhong, iya: êmban: sarèhning ingsun arêp ditêlasi mêrga kapundhut garwa [gar ...]

--- 319 ---

[... wa] kangmas Radèn Panji, mênawa ana kêluputan ingsun maring sira: utawa maring êmban inya kang misih kari ing kêsatriyan, ingsun jaluk pangapurane. Êmban Condhong lajêng anjêrit, sambate: Anggèr, punapa dosa sampeyan. Salamine kalula[40] ladosi, botên pisan andamêl tikêling manah dhatêng abdi-abdi, kaningaya têmên, kudu matèni wong tanpa dosa. Dèwi Angrèni matur dhatêng Tumênggung Brajanata, sumăngga: peran, sampeyan lêstantunakên karsanipun rama sampeyan Nata Jênggala. Brajanata angandika, adhi: ingsun ora tega amatèni maring sira, êndhang kaya priye ing buri polahe lakimu adhimas Panji. Dèwi Angrèni matur, ing pundi rupine curiga kang badhe nêlasi dhatêng kawula. Brajanata anêdahakên. Iki: adhi rupane curiga dalêm, kang kinèn anggawe nêlasi. Ing ngriku Dèwi Angrèni sarêng ningali curiga wau, lajêng dipun trajang, dipun byuki, tatu jaja têrus ing gêgêr. Tumênggung Brajanata kagèt saha anjabut curiga saking jajane Dèwi Angrèni, [A ...]

--- 320 ---

[... ngrèni,] jabuting curiga êrah sumamburat saking jajane Angrèni, Brajanata langkung gêgêtun, ngandika salêbêting galih, ingsun ora nyana pisan, yèn dadia kaya mêngkono, ingsun galih yèn kudu wêruh rupane bae, ora idhêp, yèn dibyuki, iya wis karsane dewa. Dèwi Angrèni lajêng anglayang yêjah.[41] Ing ngriku êmban Conong[42] matur dhatêng Tumênggung Brajanata: Anggèr, curiga punika kawula suwun, kawula badhe ambelani rayi sampeyan Ratumas Angrèni. Brajanata amaringake, sarêng dhuwung katampi dening êmban Condhong lajêng kasudukakên dhatêng jajane êmban Condhong pyambak, êmban dados ing pêjahipun.

Ing ngriku Tumênggung Brajanata paring parentah dhatêng kang punang abdi, nami Kêrbotêndhas, kinon notor dhaun angsoka sasêkaripun, kadamêl anyasabi layonipun Dèwi Angrèni kêlayan êmban, ugi sampun kasasaban. Tumênggung Brajanata lajêng bibar ing kitha Jênggala, munjuk dhatêng kang rama, yèn sampun kalampahan karsanipun kang rama.

--- [0] ---

...

--- [0] ---

...


ratu. (kembali)
ratu.
angoncati. (kembali)
angoncati.
yèn. (kembali)
yèn.
akalihan. (kembali)
akalihan.
dhumatêng. (kembali)
dhumatêng.
kitha. (kembali)
kitha.
jêmparing. (kembali)
jêmparing.
sakantuning. (kembali)
sakantuning.
satiwasing. (kembali)
satiwasing.
10 sadèrèngipun. (kembali)
sadèrèngipun.
11 andhawahi. (kembali)
andhawahi.
12 ngriku. (kembali)
ngriku.
13 lajêng. (kembali)
lajêng.
14 angucêmakên. (kembali)
angucêmakên.
15 kusiripun. (kembali)
kusiripun.
16 Suyudana. (kembali)
Suyudana.
17 ingkang. (kembali)
ingkang.
18 wêdaling. (kembali)
wêdaling.
19 pinisêpuh. (kembali)
pinisêpuh.
20 prajuritipun. (kembali)
prajuritipun.
21 anguntal. (kembali)
anguntal.
22 ênggènipun. (kembali)
ênggènipun.
23 aningali. (kembali)
aningali.
24 Yamawidura. (kembali)
Yamawidura.
25 Yamawidura. (kembali)
Yamawidura.
26 pangiriding. (kembali)
pangiriding.
27 jêmparing. (kembali)
jêmparing.
28 atêkên. (kembali)
atêkên.
29 taksih. (kembali)
taksih.
30 Yudhisthira. (kembali)
Yudhisthira.
31 anglêpasakên. (kembali)
anglêpasakên.
32 Sêtyawati. (kembali)
Sêtyawati.
33 inggih. (kembali)
inggih.
34 Drupadi. (kembali)
Drupadi.
35 Yudhisthira. (kembali)
Yudhisthira.
36 angèstokakên. (kembali)
angèstokakên.
37 Wiratha. (kembali)
Wiratha.
38 wangsul. (kembali)
wangsul.
39 Tumênggung. (kembali)
Tumênggung.
40 kawula. (kembali)
kawula.
41 pêjah. (kembali)
pêjah.
42 Condhong. (kembali)
Condhong.