Sêrat Babad Pajajaran Dumugi Dêmak

Ôngka 1

--- 1 ---

1. Dhandhanggula

1. Purwaning rèh sarkara kinapti | ingkang Sêrat Babad Pajajaran | ing malêm Rêspati sore | Rabingulakiripun | tanggal kaping nêmbêlas lagi | taun Jimakir ôngka | sèwu pitung atus | sangang dasa lan sêkawan | windunira Sangara ingkang lumaris | môngsa katiga awal ||

2. kawarnaa wau sri bupati | Pajajaran anjunjung kang putra | linuhurakên linggihe | Arya Bangah pilungguh | pan ing Galuh ingkang nagari | Jaka Sêsuruh ika | andikaning ratu | badhe agêntosi[1] nata | Pajajaran yèn sang nata sampun lalis | undhange sri narendra ||

3. pan wus lama jênênging narpati | kawarnaa Ki Bodho kang putra | wus anêlas biraine | micarèng jroning kalbu | duk atakèn mring Bodho nênggih | kaki êndi si bapa | lawan biyang ingsun | Ki Bodho nauri sabda | dhingin mula tan aduwe yayah bibi | Ki Jaka asru duka ||

4. Kyai Bodho wau micara ris | iya anggèr gonku nêmu sira | ing kali Krawang wijile | gon ingsun abêbruwun | dèn wadhahi kancana adi | kasangsang anèng bara | anggèr purwanipun | marma aywa atêtanya | bapa biyang Ki Bodho osik ing galih | sun karya palacidra ||

5. dhingin sun duwe sanak wêwasi | pan awisma satêngahing wana | sun têtakon ing ajale | kesah lampahnya dulur | wong kêkalih samya lumaris | sampun prapta ing wana | kathah kang kadulu | pêksi wurahan mencok pang | lawan malih swaranya kapirsèng[2] kuping / ||

--- 2 ---

Ki Jaka atêtanya ||

6. apa wurahan mencok kaywèki | dene polahe kaya manungsa | anèng ing pang linggih bae | bature padha tunggu | Kaki Bodho aris nauri | putu ika wanara | malihna kadulu | anèng kêkayon katingal | rêraine pan kadi jamang mas adi | irêng ulêse ika ||

7. roro padha sêmbadane kaki | arêmên kaki ingsun tumingal | Ki Bodho alon saure | iku pan paksi siyung | Radèn Jaka amuwus aris | yèn mêngkono manira | kaki aran ingsun | aran Ki Siyung Wanara | lah ing ngêndi wismane si eyang kaki | ingkang bisa petungan ||

8. ki putu mangke sampun angalih | lah ta ayo lumêbu mring kutha | sun duwe sanak wong pandhe | tur cêlak alun-alun | nulya prapta sampun alinggih | wismane wangsanira | wus tata alungguh | katiga Siyung Wanara | nulya nyapa kang sinapa anauri | mila dhatêng pun kakang ||

9. ki tukang pandhe gupuh dènnya ngling | lah ta adhi paran karsanira | Ki Bodho alon saure | gih wontên karyanipun | kula titip suta ngong iki | wis sira akaria | Ki Bodho wus mantuk | kocapa Siyung Wanara | sakalangkung ki pandhe ing sihirèki | ngakên putra priyôngga ||

10. gènira pandhe ing siyang latri | wus alami Sang Siyung Wanara | wus rêmên pakaryan pandhe | nulya mentar mring lêbuh | pan Ki Jaka kagyat ningali | lah iya apa ika | irêng angrênggunuk | ki êmpu mèsêm wêwarah | ika gajah kagungane sri bupati |

--- 3 ---

gawog Siyung Wanara ||

11. dèn parani gajah nulya linggih | dyan cinandhak gajah gadhingira | sang èsthi andhêku age | ki êmpu linging kalbu | yèn mêngkono suta ngong iki | bakal niwasi bapa | aja mêtu-mêtu | sampun alami sang nata | akasukan angadu wong aprang tandhing | Ki Jaka sigra ngucap ||

12. bapa êmpu manira apamit | ingsun bapa arsa anontona | maring pabarisan gêdhe | ki êmpu alon muwus | aja lunga sira nak mami | niwasi mring si bapa | ywa mêtu ing lurung | Ki Jaka amêksa lunga | pan lumayu wus prapta anèng sitinggil | anêrak kang jajaran ||

13. yèn ginêpok kadi gôngsa muni | Ki Siyung Wanara pan tumingal | ginantung anèng luhure | sigra wau ginayuh | dipun tabuh kang gôngsa muni | bêndhe munya angangkang | tan pêgat tinabuh | sitinggil pan ingubêngan | Dhandhanggula tinilar wus kari wuri | gumanti sêkar Durma ||

2. Durma

1. kinarubut dening sagung wadyabala | Siyung Wanara iki | nulya cinêkêlan | kinirigakên enggal | malêsat mring kanan kering | Siyung Wanara | katur ing sri bupati ||

2. angandika Sri Narendra Pajajaran | anake sapa iki | aturing punggawa | nuwun paduka nata | anakipun êmpu gusti | wusing ngandikan | pun êmpu sampun prapti ||

3. angandika sang nata ing Pajajaran | hèh êmpu bocah iki | tuhu anakira | ki êmpu matur nêmbah | inggih angsal amba manggih | nata ngandika | marang sagunging mantri ||

4. timbalana anake si[...]

--- [4-5][3]---

--- 6 ---

21. [...] prayoga | sira abanana maning | kinèn mêngaa | marang sri narapati ||

22. gêdhong mênga wus lumêbèng jro sang nata | ngandika sri bupati | kulup inêbêna | anulya ingênêban | wus rapêt sigra kinunci | sang nata mulat | ing jro langkung rêspati ||

23. angandika sang nata sira wêngakna | nulya ngabanan nuli | kang lawang tan mênga | saya sangêt inêbnya | angandika sri bupati | hèh kayaparan | lawang tan mênga iki ||

24. atur sêmbah Siyung Wanara sampeyan | èngêta paduka ji | wicantêning ajar | Siyung Wanara ika | wus miyos prapta ing jawi | sampun sanega | nulya ngandikèng patih ||

25. hèh apatih undhanga wong Pajajaran | buwangên gêdhong wêsi | labuhên sagara | iku dadi usada | wawêlak gêdhe ing benjing | yèn tan binuwang | pasthi wêlak andadi ||

26. kiya patih wus budhal sakancanira | lumêbu marang puri | kunjara ingangkat | gêdhong wêsi binuwang | ing sagara wus lêstari | pan kawarnaa | Jaka Sêsuruh nênggih ||

27. duk miyarsa kang gêdhong wêsi binuwang | isine sri bupati | kalangkung bramantya | nulya lumêbèng pura | kapanggih lan sri bupati | dahat dukanya | jaja lir wora-wari ||

28. nulya ngamuk Jaka Sêsuruh kasoran | mangetan lampahnèki | wangsul sri narendra | wus lumêbèng jro pura | kocapa ingkang lumaris | kang lolos ngetan | kalangkung kawlasasih ||

29. sêlirira kacandhak dening sang nata | nulya tinanyak[4] aris | mring ngêndi si kakang | ponang sêlir turira | kawula bontên[5] udani |

--- 7 ---

amba tinilar | tan wikan purugnèki ||

30. pan ing dalu kesahe raka paduka | ngandika sri bupati | sira anusula | aturana si kakang | balia maring nagari | tur sêmbah mentar | wau ingkang tinuding ||

31. gêgancangan kang kesah amurang marga | kalawan punang sêlir | kocapa sêmana | Jaka Suruh nèng marga | amanthêng tingale êning | tan kawoworan | dyan pitêkur alinggih ||

32. lênggah sarwi angêkêp suku rahadyan | tumungkul mandhêng[6] siti | langkung kawlasarsa | Jaka Suruh sêmana | watawis satêngah sasi | anèng ing marga | masuh badan pribadi ||

33. pan kasaru panakawan dhatêngira | sakala tan udani | marang gustinira | anèng luhuring arga | nyanane arga sayêkti | arsa têtanya | prênahe gustinèki ||

34. pinaranan rahadèn ngoyog tan obah | sapisan kaping kalih | kongsi kaping tiga | kaping sêkawan kagyat | rahadyan ngandika aris | lah ana paran | sira gugah ing mami ||

35. datan nyana rahadyan gusti kawula | nangis sarwi nungkêmi | rahadyan ngandika | uwis sira mênênga | ingsun atanya sirèki | pakaryanira | sira nusul mring mami ||

36. atur sêmbah kang abdi sarwi karuna | pramilanipun gusti | amba nusul tuwan | kinèn rayi paduka | sampeyan dipun aturi | mring rayi tuwan | kondura mring nagari ||

37. purun botên purun apan ingaturan | dhatêng rayi narpati | sumaur rahadyan | sun tan gêlêm muliha | ywa sêrêng ujarmu iki | anglir dênawa | pangucapmu mring mami ||

38. pan sakala panakawan dadya buta | saking [sa...]

--- 8 ---

[...king] sabda sang pêkik | sawabing kusuma | saksana sêlirira | nungkêmi padaning gusti | sarwi karuna | tangisnya karya runtik ||

39. ngandika sru radyan marang sêlirira | dene kaya rasêksi | iya tangisira | ngèbêki jroning wana | gya sêlir dadya rasêksi | sami sakala | saking sabda dyan mantri ||

40. kayaparan gon ingsun balèni ujar | apan uwis pinasthi | sapa kang balèkna | yèn wus pasthine iya | matura sêksi kêkalih | lampah kawula | andhèrèk dhatêng gusti ||

41. ngandika lon narpaputra mring rasêksa | sirarsa atut wuri | maring sun ta aja | apan ingsun manungsa | wus lungaa sira kalih | sun angsung prênah | pituduh mring sirèki ||

42. Gunung Kidul angetana dèn atêbah | wus mentar kang rasêksi | rahadyan sêmana | anutugakên karsa | nanêdha marang dewa di | pan ana swara | kapirsa[7] ing sang pêkik ||

43. hèh Ki Jaka Sêsuruh sira mênyanga | aywa manggung nèng ngriki | sira angetana | ngidul dèn aprayitna | kampira ing gunung Wilis | ana wong tapa | guwa Cêmarasêkti ||

44. pan wus gêntur tapanira ngraga suksma | iku kang angsung benjing | marga kabêkcikan |[8] miwah lungguhing dunya | pandhita tuhu sinêkti | pituduhira | tan ana ingkang sisip ||

45. Radèn Jaka Sèsuruh anulya kesah | ujaring swara kèsthi | lumampah lon-lonan | anut sukuning arga | ngidul ngetan lampahnèki | ujaring swara | ingkang kaciptèng galih ||

46. tan kawarna lampahe rahadèn putra | wus prapta guwa aglis | kocaping carita [cari....]

--- 9 ---

[...ta] | nata ing Pajajaran | undhang misuwur sanagri | sapa sanggupa | Jaka Suruh matèni ||

47. sakathahe dêdesa pan ingundhangan | miwah punggawa mantri | ya ta kawarnaa | wau kang darbe guwa | lamine datan kaèksi | Durma tinilar | Sêsinome gumanti ||

3. Sinom

1. warnanên kang tapèng guwa | warna jalma kaki-kaki | amanggihi ingkang prapta | sinapa datan nauri | ngandika sang palinggih | paran sira tan sumaur | kagyat raja pinutra | anjola nulya ngabêkti | pan wus dangu gènira alêlênggahan ||

2. ngandika malih sang tapa | para puniku wong pundi | umatur raja pinutra | môngsaboronga sang yogi | ngandika sang palinggih | iya bênêr saujarmu | asile ingsun tapa | apan ingsun wus udani | sira iku rajaputra Pajajaran ||

3. marmane sira lêlana | sayêkti kasoran jurid | iya lawan arinira | Siyung Wanara sang aji | sudarmanta sang aji | matèni ajar karuhun | pan dadya utang pêjah | ramanira iku kaki | wus pinasthi utang pati nyaur pêjah ||

4. iku radèn marmanira | ajar kang pinatèn dhingin | anitis mring arinira | mulane mêngko malêsi | yèn sira datan uning | pêjahe nuksmèng sang prabu | iku dèn eling sira | rajaputra matur aris | yèn makatên kawula wangsul mring praja ||

5. arsa malês lara wirang | sang pandhita ngandika ris | lah sang bagus iku aja | pan iku uwus pinasthi | balik ta sira kaki | bantêrên tapanirèku | aywa mèngèng ing tingal | wêkasaning wiyat kaki | sira têmbe [tê...]

--- 10 ---

[...mbe] kang amutêr tanah Jawa ||

6. nanging wêkas ingsun uga | dipun tawêkal ing galih | amanguna kasutapan | dèn sabar lila ing batin | dadya osiking galih | kalbune rahadèn bagus | sarju lan sang palênggah | langkung mituhu kang galih | sang pandhita mèsêm sajroning wardaya ||

7. iya suta kahna uga | basane tawêkal batin | nulya kesah sang pandhita | pan awarni putri adi | wangsul alênggah malih | panggenane duk karuhun | kagyat Ki Jaka mulat | duk dulu warna sang dèwi | lênggah jajar kalihan raja pinutra ||

8. tansah asabil ing nala | mêksa kagiwang ing galih | wau sang raja pinutra | mulat warna ayu luwih | nulya cinandhak wani | nginggati sang murtiningrum | tan kêna sinayutan | anulya cinandhak malih | asta kêna arum wijiling wacana ||

9. milane anyêkêl asta | karsa punapa sang pêkik | ngandika raja pinutra | apuranira sang dèwi | rinungrum ngarih-arih | nêdha wêkasaning pinjung | sinjange kuleweran | radèn mèsêm jroning galih | uculêna sampun anyêkêli asta ||

10. sirna warnaning wanodya | kantun anggana sang pêkik | nulya malih warni priya | prapta ngarsane sang pêkik | manêmbah atur bêkti | angandika sang awiku | mila sira kusuma | gonira asangêt brangti | rajaputra umatur sarwi karuna ||

11. dhuh panêmbahan kawula | yèn tan saèstu pêpanggih | kalawan wanodya ika | gumujêng angling sang yogi | bisa datan gumingsir | yèn ana rêncana agung | ingkang rupa wanodya | ingsun satuhune yayi | radèn [radè...]

--- 11 ---

[...n] putra ngandika sajroning nala ||

12. rinangkul raja pinutra | tur sarwi dèn bêbisiki | aja sira walangdriya | pan ingsun tutur sayêkti | iya ingsun puniki | satuhune sadulurmu | sêpuh kang amartapa | marmaningong amartapi | duk ing nguni tinari krama tan arsa ||

13. dening jêng rama sang nata | pinêksa apalakrami | wêkasan ingsun dinukan | marmane amangun tèki | rajaputra tur bêkti | milanipun warni kakung | angling raja pandhita | pan ingsun sinungan sêkti | rupa jalu ingsun radèn iya bisa ||

14. bisa anom lawan tuwa | bisa gêdhe miwah cilik | umatur raja pinutra | kawula tumut anyantrik | sang palinggih nauri | milane ta wong abagus | arsa dadi pandhita | aja kèh kang kaya mami | tutugêna gonira umadêg nata ||

15. aja bali mring nagara | lajua mangetan yayi | yèn sira wangsul mring praja | tan lulus jumênêng aji | umatur sang apêkik | kawularsa malês ukum | dhatêng Siyung Wanara | jêng rama dipun sedani | sang pandhita arum wijiling wacana ||

16. aja malês ukum pêjah | pan iya uwis pinasthi | apan dhingin utang pêjah | ajar pan dhingin pinatin | benjang nora kaèksi | yèn uwis mêmalês ukum | wawratane sumêkar | miyos jalu lamun lair | iya iku kang aran Siyung Wanara ||

17. rahadèn matur wotsêkar | kadipundi rèh sang yogi | ngandika ris sang pandhita | yèn sira nurut ing mami | mentara saking ngriki | ngetana bênêr dèn gupuh | mampira mring ni rôndha | kang wisma ing Kaligunting | poma-poma [poma-po...]

--- 12 ---

[...ma] iku sira ampirana ||

18. dene yayi sira benjang | apan nora sun êdohi | saturun-turunta benjang | ingsun ingkang momong sami | nganggoa sruwa putih | yèn sirarsa têmu mring sun | anèng kayu landheyan | alinggih têpining tasik | luwih singit kang guwa ing Pamancingan ||

19. eca galihnya Dyan Jaka | miyarsa ingkang wawêling | ngandika malih sang tapa | wus sira mangkata kaki | nora mamêkas malih | aja susah wong abagus | radèn putra tur sêmbah | wus tumurun saking wukir | pan kawuri wau kang guwa Cêmara ||

20. katiwang-tiwang lampahnya | ngetan bênêr tan gumingsir | anusup angayam alas | wus prapta ing Kaligunting | ni rôndha kang dèn goni | wus lami rahadèn bagus | angèngèr mring ni rôndha | watawis wus tigang sasi | ni bok rôndha miyarsa undhang sang nata ||

21. undhang-undhange sang nata | sapa kanggonan dyan mantri | jinarah rajakayanya | binoyong tur dèn patèni | ni rôndha angling aris | Ki Jaka lah anak ingsun | kêpriye polahira | Radèn Jaka anauri | kadipundi bibi mangke karsa dika ||

22. ni rôndha alon angucap | karêp manira mas kaki | kesaha saking kawula | ingsun duwe sanak kaki | lanang têtiga sami | rahadèn alon amuwus | bibi sakarsa dika | kawula inggih nuruti | sigra mentar rahadyan kalih ni rôndha ||

23. saksana nulya lumampah | wau kang sinêdyèng kapti | Ki Nambi Sênting kocapa | apan lagya nanêm wiji | têtiga lanang sami | Ki Wirun ingkang asêpuh | Ki Nambi

--- 13 ---

panggulunya | Sêmbada ingkang sawiji | kawarnaa ni rôndha anulya prapta ||

24. lagya panduman tanêman | kasaru ni rôndha prapti | kagèt Ki Wirun Sêmbada | duk praptaning Kaligunting | ni rôndha sigra angling | Ki Wirun titip katèngsun | iya mring anak ingwang | poma sira dèn gêmati | lah turutên sakarêpe sutaningwang ||

25. kang wiji warnane kathah | nanging ta sarwa sathithik | lamun sira sida lunga | angetan bênêr ta kaki | nora mamêkas malih | ni rôndha tumulya mantuk | Jaka Suruh kawarna | alami wontên Ki Nambi | wus sataun anggène ngêkêp tan lunga ||

26. kalangkung susahing manah | nulya mêdal tan nasari | pan ingiring wong têtiga | saparane tinut wuri | ya ta wau kawarni | arèrèn ing lampahipun | anèng têngahing wana | tan ana jalma kaèksi | kidul wetan mulat kayu tumaruna ||

27. Radèn Jaka aris mojar | Wirun kayu apa iki | arêmên ingsun tumingal | apa rane kayu iki | Ki Wirun matur aris | kajêng maja wastanipun | Radèn Jaka ngandika | sira pèka wohe siji | pan Ki Wirun wus angambil wohing maja ||

28. kang maja tan ana wohnya | nanging bolu kang ngrambati | Ki Wirun anulya kesah | wohing maja kang pinêthik | nulya ngaturkên gipih | dhinahar pait kalangkung | sarta gêtir rasanya | rahadyan mèsêm sarya ngling | gêtir têmên paman Wirun rasanira ||

29. ing kene sun wèhi aran | iya desa Majapait | wus pinasthi karsaning Hyang | ana pratandhane yêkti | sami ambêkta wiji | tinanêman sri kayungyun | kang

--- 14 ---

wiji môncawarna | barang kang tinandur dadi | wus misuwur ing môncapat môncalima ||

30. kawarnaa samya prapta | ambêkta sadarbèknèki | jalu èstri sami prapta | urup-urup sami èstri | sawênèh mawi picis | gobog bêras miwah sawung | apa sasênêngira | wau ingkang dèn tukoni | kang sawênèh ana kang banjur awisma ||

31. watara ana sanambang | padhêkahan Majapait | sagunge ingkang awisma | sami karasan tan sipi | ya ta ngandika aris | wau ta Ki Jaka Suruh | bapa Wirun wong pira | kang padha wisma ing riki | Wirun matur wêtawis wontên sanambang ||

32. kiwa têngên Pajajaran | akathah pindhah mariki | Jaka Suruh angandika | irupên wong têpis-wiring | lan kadang warga mami | nagarane pan ing Galuh | miwah nagri Pasundhan | iku kadang warga mami | samya nusul ngetan têmu lawan ingwang ||

33. Dyan Jaka Suruh ngandika | Ki Arya Bangah tinuding | kinèn ngirupa dêdesan | kiwa têngên Majapait | wus mentar kang tinuding | sarta wadyabala agung | wus lêpas lampahira | wadyabala kang lumaris | kunêng wau Majapait kang kawuntat ||

4. Pangkur

1. wus bubar kang wadyabala | angirupi kiwa têngên nagari | wong cilik angungsi sampun | marang ing Pajajaran | pan wus katur mring Siyung Wanara Prabu | ya ta wau angandika | ingsun amiyarsa warti ||

2. Mangkupraja tinimbalan | sampun prapta kya patih munggèng ngarsi | Siyung Wanara amuwus | patih paran karsanta | kyana patih umatur sarwi wotsantun | môngsaborong padukendra | kawula darmi nglampahi [nglampah...]

--- 15 ---

[...i] ||

3. sira angirida bala | dèn samapta sakêpraboning jurit | Mangkupraja awotsantun | inggih nuhun sandika | nulya undhang kya patih têngara umung | gong bèri munya sauran | wus pêpak gya budhal aglis ||

4. anglurug mring Majalêngka | wong bang wetan pan sampun ngadhang margi | wong Pajajaran gumuruh | mulat yèn ana mêngsah | atêngara gong bèri surak gumuruh | wus campuh silih prajaya | kang yuda asilih ukih ||

5. buru-binuru kang yuda | sami surak tan ana nguciwani | wong Pajajaran amuwus | wong wetan lah mundura | nora nôngga sira amungsuh gustiku | sumaur kang sinung ujar | apa jarmu ingsun wani ||

6. balik iya gustinira | ya Si Siyung Wanara iku anjing | ajokêna ingsun purun | tan sudi mungsuh sira | sarêng myarsa wong Pajajaran agrêgut | umangsah sakancanira | kya patih kang anindhihi ||

7. sadaya angamuk rampak | tinadhahan dening wong Majapait | Arya Bangah tindhihipun | akuwêl kang ayuda | sêlang tumbak sêlang pêdhang sêlang suduk | akuwêl silih prajaya | braja putung ting carêngkling ||

8. rame agêbang-ginêbang | akèh mati wadya ing Majapait | wong Pajajaran kèh gêmpur | akathah ingkang pêjah | pan kalindhih wong Pajajaran wus larut | lumayu asalang-tunjang | ngungsi jroning kutha sami ||

9. Sêmbada Wirun bramantya | pangamuke malah awuru gêtih | Jaka Suruh sru amuwus | payo angsêgên pisan | Arya Bangah angabani kang wadya gung | lah payo angsêgên pisan | Pajajaran kuthanèki ||

--- 16 ---

10. sang nata wau duk mulat | yèn mungsuhe wus ngêpang ing nagari | wus lèngsèr wau sang prabu | kutha wus ingobongan | pan lumayu sang nata wus minggah gunung | sêdyane banjur atapa | wus pinasthi jawata di ||

11. Ajar Pamênggêr ing kuna | gih puniku Siyung Wanara yêkti | gantia ingkang winuwus | Sêmbada Arya Bangah | Wirun Nambi langkung suka ing tyasipun | wau kang para santana | amboyong sinoming puri ||

5. Sinom

1. binoyong wong Pajajaran | binêkta mring Majapait | wus bubar kang wadyabala | samya mantuk kang prajurit | wus katur mring dyan mantri | yèn Pajajaran wus gêmpur | èstrine binoyongan | langkung sukane sang pêkik | duk sêmana rahadèn jumênêng nata ||

2. Ki Nambi jumênêng nata | Sêmbada dadi bupati | Wirun dadya kandhuruwan | wana Arya Bangah sami | ingêlih namanèki | Arya Panular jêjuluk | sampuning lama-lama | sang nata sare ing latri | asupêna pêpanggih lan putri Cêmpa ||

3. pêpungun sawungunira | nulya nimbali kya patih | hèh apatih wruhanira | mau bêngi ingsun ngimpi | katêmu lawan putri | ing Cêmpa kongsi salulut | kya patih matur nêmbah | sumôngga karsa sang aji | pan Si Arya Panular arsa sun duta ||

4. matura mring Raja Cêmpa | yèn putrane ngong rasani | lamun sêmbada ing karsa | kagawaa ing sirèki | lan anggawaa patih | mantri kang pintêr kang sêpuh | rôngga ngabèi dêmang | wis sira mangkata aglis | sigra lèngsèr Arya Panular tur sêmbah ||

5. alayar dalu lan siyang | wus prapta [pra...]

--- 17 ---

[...pta] ing Cêmpa nagri | wus katur mring Raja Cêmpa | nulya ingandikan aglis | hèh duta sira iki | kinongkon apa maringsun | ki arya matur nêmbah | amba dinutèng putra ji | Majapait wiyosipun angêlamar ||

6. Raja Cêmpa angandika | timbalana sira patih | nêmbramaa mring ki arya | sang nata lumêbèng puri | sang putri dyan tinari | sang nata putra têtêlu | èstri kêkalih sanak | satunggal jalu apêkik | wus tinari kang putra kinèn adandan ||

7. pangandikane sang nata | Arya Panular sirèki | matura mring Raja Jawa | nini putri nora krami | anjuru dang narpati | patih atêrna gustimu | kya patih atur sêmbah | Arya Panular gya pamit | sampun prapta pasisir Arya Panular ||

8. utusan dhingin ki arya | matura marang sang aji | gih sampeyan amêthuka | mring Garêsik sang narpati | gancang carita nênggih | kang amêthuk sampun rawuh | sang nata nitih liman | sang rêtna anitih joli | dyan tumêdhak sang nata sarêng lan garwa ||

9. nitih joli sakalihan | sang nata lan sang rêtnadi | gamêlan umyung gumêrah | têtabuhan urut margi | awor kêndhang gong bèri | swaraning janma gumuruh | sumyak abra asinang | bul-ubul[9] lêlayu ngarsi | banderane amarapit kering kanan ||

10. sampun prapta ing nagara | lajêng tumamèng jro puri | sarêng têdhak sakalihan | kêkanthèn asta lumaris | prapta sarêng alinggih | sang rêtna lênggah tumungkul | pêparabnya sang rêtna | Kusuma Rêtnadiwati | gènnya krama sampun atut sakalihan ||

--- 18 ---

11. kawarnaa Raja Cêmpa | praptèng dêlahan ngêmasi | kang ginêntèkakên nata | nênggih putrane wuragil | ingkang jumênêng aji | sabên dina karyanipun | anggung gawe gunêman | lan Sèh Walilanang nguni | pan wus lama sira kesah Walilanang ||

12. nulya pinanggihkên lawan | kang raka sri narapati | sang nata ing raja Jawa | wontên rasêksi kêkalih | jalu kalawan èstri | tatruka anèng wana gung | kakang aturna ingwang | marang Ratu Majapait | ingkang raka sumaur môngsa arêpa ||

13. marga saking warnanira | sipatira lir mamêdi | ajatha rambutmu gimbal | ambumu amis abacin | tumulya ni rasêksi | dipun usap jajanipun | nulya rupa manungsa | warnanya lir widadari | lah karia pan ingsun mênyang priyôngga ||

14. ni rasêksi nulya kesah | atapih wulung mantêsi | kakêmbêne jingga nila | salendhangnya wulung langking | ayunira rêspati | dadi totonan[10] gumuruh | samya tilar pikulan | anon ingkang lagya prapti | wong kang dodol padha atinggal dhêdhasar ||

15. mirut pasar Majalêngka | anonton wong anyar prapti | sang nata lagya sineba | pêpak kang punggawa mantri | angandika sang aji | hèh patih anapa iku | ing pasar gègèr umyang | apa kang dèn tonton iki | pariksanên kya patih matur wotsêkar ||

16. lèngsèr saking ngarsa nata | miyak wong kang nêningali | kang samya ngrubung bok endhang | gya patih têtanya gipih | sira endhang ing ngêndi | ana ing pasar rinubung | apa arsa têtumbas | miwah takon kadangnèki |

--- 19 ---

ni bok endhang umatur griya kawula ||

17. ing wana gung wismaningwang | botên tatumbas kiyai | botên ngupadosi sanak | kawula sêdya angabdi | dhumatêng sri bupati | suka abdèkna katèngsun | wus katur aturira | pangandikane sang aji | timbalana si endhang mring ngarsaningwang ||

18. linêbêtakên sêmana | ni endhang mring kênyawuri |[11] anuli cinangkramanan | ya ta putra Dwarawati | tan sinabèng narpati | anggung ni endhang tinunggu | wus lami nyai endhang | dènnya wawrat tigang sasi | ni bok endhang anangis dalu lan siyang ||

19. langkung kasêngsêm sang nata | Ratu Cêmpa Dwarawati | kinêbon dening sang nata | mung endhang kang dèn tunggoni | siyang kalawan latri | tansah anggung pulang-lulut | sêmana wus alama | ni endhang dènnya garbini | ri sêdhênge pasihan wrat tigang wulan ||

20. aminta gêgêcok mêntah | akaruna siyang latri | tinêkan nulya dhinihar |[12] endhang malih rupa uwil | kadhaton gègèr ajrih | endhang dene rupa diyu | mulih kayanganira | merang ing galih sang aji | dadya lami sang nata datan sineba ||

21. wontên malih winursita | ajar kang tapa nèng ardi | Tunjungputih padhepokan | Salokatara wêwangi | wus gêntur dènnya tapi | sêmana karsanya kaul | endhang samya lah-olah | wênèh ana kang anakir | nyuwun pangot panêratane ki ajar ||

22. pangandikane ki ajar | iya siranggo anakir | ananging wawêkas ingwang | pangot iku yèn wus nakir | ywa sira pangku ugi | sèlèhna [sèlèh...]

--- 20 ---

[...na] bae ing salu | endhang matur sandika | sawuse akarya takir | endhang supe pangot sinèlèhkên pangkyan ||

23. sigra ni endhang awawrat | pangot gêgarane nênggih | wêwadhahe kamanira | ajar yèn mijil kang mani | wus tigang wulan mangkin | ni endhang wawratanipun | kawuningan ki ajar | endhang gènira garbini | sira iku anglirakên wêkas ingwang ||

24. wus pasthi karsaning dewa | nora kêna dèn singkiri | wus jangkêp sêmayanira | mijil ingkang jabang bayi | jalu kèh cacadnèki | wêtêng bèkèl banyak bathuk | maripatira kera | sami cikêr tangan kalih | pêli kuping dadi bayi kawahira ||

25. pan wanodya ayu endah | kang jêjalu dipun wastani |[13] Jaka Bandung namanira | Suwelawati kang èstri | samana sampun akir | pinikramakakên sampun | angsaling Tingkir sang dyah | Ki Bandung agêntur tapi | sawarnine tapa linakyan sadaya ||

26. tumut babad ingkang rama | siyang dalu nèng wanadri | Ki Bandung matur ing rama | inggih amba myarsa warti | Sang Prabu Maospait | darbe putri langkung ayu | nandhang grah kapêryangyang | sakathahe kang jêjampi | tinambakên[14] tan ana kang marasêna ||

27. Brawijaya sayêmbara | sintên marasna sang putri | tinariman ing sang rêtna | ginanjar nagri sapalih | yèn rama nyuwawèni | kawularsa ngawun-awun | nyagahi sayêmbara | kang rama ngandika aris | wus birai samêngko ta anak ingwang ||

28. kêpalang warnane ala | lah ta iya sun lilani | nanging ta wawêkas ingwang | yèn katrima gonmu ngabdi | yèn warasa sang putri | dhinaupkên lan sirèku [si...]

--- 21 ---

[...rèku] | pan iku putri panas | krama ping rongpuluh mati | aywa age-age atut palakrama ||

29. amêlèka anèng dagan | kalamun sare sang putri | yèn ana sabarang mêdal | saking kwadonan sang dèwi | nêngêna dimèn lari | aywa sira ganggu-ganggu | Jaka Bandung tur sêmbah | sandika wisata aglis | tan kawarna ing marga lampahe prapta ||

30. nagari ing Majalêngka | nèng alun-alun alinggih | ngisoring waringin kêmbar | pan uwus satêngah sasi | lamine dènnya linggih | silane marêp mangidul | nuju ing dina Soma | sang prabu miyos tinangkil | mulat rare sila soring wringin kêmbar ||

31. hèh patih sira priksaa | bocah sila sor waringin | adhêpe seba maringwang | ki patih mariksa aglis | wus kawrat sadayaning | Gajahmada gya wangsul |[15] umatur mring sang nata | inggih rare saking ardi | angladosi sayêmbarane sang nata ||

32. sagah marasna kang gêrah | putra nata sang suputri | Brawijaya angandika | timbalana ngarsa mami | sêmana sampun kerid | Bandung nèng byantara prabu | gumujêng sri narendra | alane Bandung kang warni | nanging iya jalma tan kêna ingina ||

33. wit wus tita ujar ingwang | cekoh-regoa kang warni | kang bisa amarasêna | mring putrèngsun nini putri | pamine ingsun ambil | mantu panggih lan nak ingsun | bocah wadon lêbokna | iridên Si Bandung iki | panggihêna putraningsun kang agêrah ||

34. wus kerid Bandung sêmana | pinanggihkên lan sang putri | wus thinothok kang bun-bunan | sira sang dyah wangsul ping tri | mulya kadya ing nguni | pra

--- 22 ---

ibu lêga tyasipun | Ki Bandung nulya seba | prapta ngarsane sang aji | angandika sang nata hèh Bandung sira ||

35. awora lan panakawan | nulya kondur sri bupati | pinaran ngunadikèng tyas | apa arêp nini putri | dene ala kapati | warnane Si Jaka Bandung | yèn cidraa ing ujar | angrêngkakakên nagari | awêkasan sang nata aris ngandika ||

36. dhuh anggèr atmajaningwang | laramu apa wis mari | sun trimakkên sira nyawa | mring Si Bandung kang jampèni | nuhun aturing putri | langkung awon warnanipun | tan pantês yèn dadosa | kamantu dhatêng narpati | langkung nistha kang rama alon ngandika ||

37. kapriye wus ujar ingwang | angur jêjaluka nini | lamun ora tinêkanan | dadia wurunge panggih | gya sang putri ngabêkti | inggih rama sang aprabu | kawula dèn damêlna | candhi dadosa sawêngi | sèwu kèhe sampun ngantos karainan ||

38. lêga tyasira sang nata | nulya pinarak pandhapi | Bandung tinimbalan prapta | nèng ngarsa saha wotsari | ngandika sri bupati | lah Bandung wus ujar ingsun | singa kang marasêna | ing larane nini putri | banjur ingsun tarimakakên putrèngwang ||

39. ananging samêngko iya | mring sira duwe panêdhi | candhi sèwu dadèkêna | iya padha ing sawêngi | tan kêna kurang siji | Bandung apa sira saguh | aturipun sandika | wisata nulya lumaris | wanci asar wau ta ing angkatira ||

40. mring Barabudhur sinêdya | mangkana karsaning aji | Ki Gajahmada dinuta | anjangkunga mêmanuki | nadyan kongsia panggih | kawruhan marang [ma...]

--- 23 ---

[...rang] Si Bandung | sami sakêdhap prapta | Barabudhur prapta nuli | angêpêli lêmah lêmbut kang rineka ||

41. kang pra dhêmit ewon lêksan | pangukire cara jalmi | kang rêca awarna-warna | kasêktène Bandung prapti | candhi sèwu kinardi | nèng ngisoring kayu tanjung | lan môngka panêngêran | yèn kêmbang tanjung grègèli | tibèng siti tandhane lamun raina ||

42. Patih Gajahmada arsa | panjangkunge dursilani | nulya mènèk tanjung patya | tanjung dèn rog sami pêthil | sêkare saking uwit | balasah nèng têngah runtuh | Ki Bandung kagèt mulat | katiwasan ingsun iki | karainan lagya antuk wolung kopang ||

43. kang candhi sarêcanira | Ki Bandung anulya mulih | arsa matur rama ajar | lagya prapta kilèn kali | panggih kang rama nuli | lamun iya maksih dalu | nulya malih akarya | gênêpe rongatus candhi | sarêcane Ki Bandung myarsa wong gêntang ||

44. kurang siji rong atusnya | kasêlak Ki Bandung myarsi | mring wong gêntang pinaranan | dene maksih prawan iki | apa tan wruha misih | wêngi iya têka nutu | aran Bok Rara Jonggrang | anulya dèn supatani | nutu wêngi dadia parawan tuwa ||

45. gya Rara Jonggrang ginambar | dinèkèk rêca kang warni | cêcandhine sampun dadya | wus jangkêp sèwu kang candhi | Ki Bandung mantuk aglis | prapta nagri Majalangu | lajêng sowan sang nata | wotsêkar atur udani | ingkang candhi sanambang pan sampun dadya ||

46. sang nata ngandika iya | mara pariksanên aglis | caraka lampahnya sigra | wus pinirsa sadayèki | kang dinuta wus [wu...]

--- 24 ---

[...s] mulih | matur marang sang aprabu | yêktos Bandung turira | sang nata malêbèng puri | angandika mring putra pundhutanira ||

47. kang candhi sèwu wus dadya | iya padha ing sawêngi | sang putri matur anêmbah | kula rama nêdha malih | têlaga ingkang adi | sêkawan sami gêngipun | kulangge pasiraman | dadosa padha sawêngi | nulya têdhak Brawijaya angandika ||

48. hèh Bandung gonira karya | candhi sèwu trimakasih | nini putri marang sira | nanging ta mêmundhut malih | têlaga ingkang mili | sêkawan sami gêngipun | kang wêning toyanira | kinarya siraman benjing | kari iku pundhutane têkanana ||

49. aja nganti nginêp sira | gunung Prambanan dèn dadi | Bandung tur sêmbah sandika | wisata anulya prapti | Prambanan ingkang ardi | akarya têlaga catur | lêlêmbut rowangira | sakêdhap têlaga dadi | papat sami warnane bagus apelag ||

50. toya wêning lirap-lirap | Ki Bandung ngilo têlagi | layanganira jro toya | alane kêpati-pati | yèn mêngkono ngong iki | lingsèn tinampik sang ayu | putri ing Majalêngka | bênêr kang nampik wak mami | kaki dewa tulunga sun kudhandhangan ||

6. Dhandhanggula

1. Jaka Bandung langkung angrudatin | sarêng mirsa ala warnanira | nulya nêgês ing dewane | sidhakêp asaluku | tunggal ngumpulkên tingal kalih | wus awor lawan dewa | pêjah kadi tugu | Ki Bandung kala sêmana | wus katrima ing dewanira kang luwih | gya salin warnanira ||

2. Jaka Bandung malih warna sigit | ambêranyak anglir wukir sêkar | putra Kadhiri warnane | lan sarwa

--- 25 ---

lurus patut | nulya mantuk mring Majapait | tan kawarna ing marga | mangkana Sang Prabu | Brawijaya duk sineba | nèng paglaran kagyat dènira ningali | ting blêbêr wong sapasar ||

3. lamun ana wong abagus prapti | ingkang dodol atinggal dodolan | wanodya kasmaran rame | sawênèh atut pungkur | Jaka Bandung lampahe prapti | anèng ing pangurakan | sarwi mundhuk-mundhuk | mring têngahing pasewakan | sadayane kang sewaka kagyat sami | ana wong bagus liwat ||

4. lajêng minggah marang ing sitinggil | sowan mabukuh ngarsèng narendra | Brawijaya kagyat tyase | kang putra dene bagus | sila anèng ngarsa narpati | sang nata angandika | ingsun iya tambuh | bocah ing ngêndi ta sira | dumarajog seba anèng ngarsa mami | bagus misih taruna ||

5. Jaka Bandung matur awotsari | dhuh patikbra gusti pan kawula | punapa pandung abdine | inggih amba pun Bandung | sri narendra kagyat miyarsi | dene ing bagusira | tan kadi rumuhun | Bandung Bôndawasa nêmbah | nênggih saking sabda pukulun sang aji | ulun atur uninga ||

6. putra dalêm amundhut têlagi | ingkang catur kathahe wus dadya | patut jajar pasagine | Brawijaya anuduh | gandhèk ingkang kinèn mirsani | wau ingkang talaga | caraka wus wangsul | umatur mring sri narendra | inggih yêktos toyane lumirap wêning | lêgêg Sri Brawijaya ||

7. pangalême salêbêting galih | nyata sêkti Bandung Bôndawasa | ing mêngko liwat baguse | pasthi putrèngsun ayun | nulya [nu...]

--- 26 ---

[...lya] kondur sri narapati | nimbali ingkang putra | prapta awotsantun | ngandika lon sri narendra | wus bêjane putraningsun nini putri | Bandung bagus sêmbada ||

8. nimas rara sira sun tuturi | iya iki Bandung garwanira | èsmu isin dyah tingale | kasmaran jroning kalbu | dene Bandung bagus nglangkungi | kalamun dèn wurungna | katêmu lan ingsun | pasthine manira pêjah | ya ta wau karsane sri narapati | pinanggihakên nulya ||

9. Bandung lawan sang rêtnaning puri | kinaryakkên padalêmanira | wus ngênggenan sakalihe | kalangkung asihipun | wau dènnya apalakrami | Bandung kalawan sang dyah | tansah runtung-runtung | nging dèrèng carêm ngasmara | sabên dalu asare dipun tênggani | Ki Bandung anèng dagan ||

10. tanpa nendra datansah anglirik | wawêkasing kang rama dèn awas | kang dadya putri panase | tan antara gya muncul | sêngkalane sang rajaputri | sangking ing kawadonan | warni sarpa agung | Radèn Bandung sarêng miyat | sarpa mêdal sangking kwadonan sang putri | agalak arsa môngsa ||

11. Radyan Bandung sigra narik kêris | dyan pinancas gulune cinandhak | sinêndhal sing kwadonane | kang sawêr sampun lampus | kumarane pan maksih urip | kesahe amêryangyang | raganira wau | tugêl anulya cinandhak | marang Bandung binêta mring tamansari | sinampirakên ing pang ||

12. ing êpange kayu nagasari | anglêgarang agênge sapucang | Dyan Bandung wus wangsul malèh | maksih angliga dhuwung | wêntisira wau sang putri | katetesan rah sarpa | ingusapan [ingusapa...]

--- 27 ---

[...n] gupuh | nging maksih ngliga curiga | sang rêtnayu anglilir awas ningali | Bandung ngliga curiga ||

13. panêrkane yèn arsa mêjahi | sang rêtnanjrit pan inggal lumajar | marak ing rama sang rajèng | umatur awêwadul | nata duka yayah sinipih |[16] enggal bocah kaparak | timbalana Bandung | praptaa ing ngarsaningwang | wus wisata lurah kaparak kêkalih | nimbali Bandung prapta ||

14. sri narendra dukane sinipi | kagunturan tangise sang rêtna | tan mawi titipriksane | nyandhak rotan sang prabu | Radèn Bandung dèn jêmalani | nèng siti kalesedan | sambat ngadhuh-adhuh | gusti amba botên dosa | kaniaya tanpa pariksa aniti | kèndêl nata ngandika ||

15. apa karane matura yêkti | sira arsa matèni putrèngwang | apa kang dadi sababe | Radèn Bandung wotsantun | ngaturakên purwaning nguni | panggih amba lan putra | tuwan dèrèng lulut | saking wêlinging pun bapa | yèn kalakyan dhaup lan putra sang putri | aywage tunggil nendra ||

16. sayêktose putra paduka ji | langkung panas tan wontên kuwawa | kang dados jatukramane | anulya enggal lampus | panasipun wontên kang mawi | wêlingipun pun bapa | amba kinèn tunggu | akêmit wontên ing dagan | milanipun ari kalanira wêngi | kawula anèng dagan ||

17. sarêng nuju wanci lingsir wêngi | inggih wontên têksaka katingal | mêdal saking ing pawèstrèn | arsa manaut ulun | gêng sapucang panjang nglangkungi | amba pancas curiga | kang taksaka lampus | wêntise putra paduka | kacipratan [kaciprata...]

--- 28 ---

[...n] rah naga amba usapi | nanging lêpat kawula ||

18. dene têksih ngliga dhuwung gusti | sang kusuma kagyat dènnya nendra | laju anjrit sowan rajèng | wondene sawêripun | ulun sampirakên pang sari | sang nata angandika | pariksanên gupuh | pawongan nulya mariksa | mring gènipun sumampir pang nagasari | sawêr nulya binêkta ||

19. sinaoskên mring sri narapati | bathang ula nata kagyat mulat | sakêlangkung gêgêtune | gènira asru mukul | marang Bandung gya ngandika ris | lah mêngko anak ingwang | apuranirèku | sakèhe luput manira | Bandung matur botên rumaos nêrpati | pêjah gêsang sumôngga ||

20. Brawijaya angandika aris | Nilawati lah sira muliha | lan bojonira dèn age | ya ingsun ingkang luput | atur sêmbah kang putra kalih | wus lèngsèr saking ngarsa | marang wismanipun | sêmana ing lama-lama | Bandung têka têlas manahe ngranuhi | adhêpe kêmba-kêmba ||

21. pan sarimbit sowan mring sang aji | Radèn Bandung umatur ing nata | patikbra nuwun lilahe | têtuwi dhatêng gunung | kangên dhatêng pun bapa lami | miwah arsa pêpanggya | nata ngandika rum | lah gawanên arènira | Bandung matur anuwun duka narpati | ambêkta tan kuwawa ||

22. amba inggih botên lami-lami | mung sawulan inggih nuntên sowan | wus linilan nulya lèngsèr | tan kawarna ing ênu | sampun prapta ing Tunjungputih | lajêng sowan ing rama | angabêkti sampun | Ki Ajar Salokatara | kagyat wau kang putra dènnya ningali | malih suwarnanira [suwar...]

--- 29 ---

[...nanira] ||

23. ingkang rama angandika wêngis | bagus têmên ing suwarnanira | ora nana wong ambancèr | mung sira wong abagus | anglirakên wawêkas mami | dene matèni ula | datan sudi ingsun | ngaku anak marang sira | Radèn Bandung mêksa andhepok ing siti | sang pandhita sru mojar ||

24. hèh ta Bandung lungaa dèn aglis | aja katon kadêlêng ing mata | kang putra dhêku ngalèsèd | kalangkung amlasayun | aturira angasih-asih | rama nuwun apura | kalêpatan ulun | ki ajar asru bramantya | têka kakehan crawèt têmên si bêlis | datan gêlêm mundura ||

7. Durma

1. saya sangêt Ki Ajar Salokatara | dukane mring kang siwi | kang putra pinala | ginitik jinêjêgan | dèn ilês-ilês ing siti | akalesedan | Bandung ywa awor jalmi ||

2. wus lungaa Bandung maksih kalesedan | anglungsar gya sumingkir | mlorod marang jurang | Bandung apan saksana | nalosor dènnya lumaris | saparan-paran | tapake dadya kali ||

3. sarêng prapta kiduling Kêndhalisada | arsa sidhêkah sami | abêbrêsih desa | arsa ngupaya ulam | wong sadesa mring wanadri | ambêrêg sangsam | kidang kalawan kancil ||

4. pan atusan wonging desa datan angsal | kadi dèn supatani | prasamya ararywan | alênggah ing prabatang | ana udut ana bukti | ana anginang | jêbugira sawiji ||

5. apan arsa sinigar ring kudhènira | sinèlèhakên nuli | linggihnya prabatang | sinigar kudhi liwat | kayu kêna rah drês mijil |

--- 30 ---

adêleweran | kagyat sakèhing jalmi ||

6. kayu apa ingkang mêdal êrahira | payo tinurut sami | gya nurut saksana | kapanggih sirahira | mripatipun kêthip-kêthip | wong desa bungah | bêgja kabrayan iki ||

7. luru iwak awêkasan nêmu ulam | nulya pinurak aglis | wongira atusan | kaduman wong nyarêmbat | sadaya sami mikuli | daginging ula | binêkta mulih sami ||

8. raganira kang ula dadya purakan | suksmanira lumaris | warna mindha bocah | sapangon agêngira | angubêngi desa nênggih | kang olah-olah | raryyalit amarani ||

9. sabên wisma pinaranan minta sêga | lan ulame sacuwil | angsale ing wana | rare alit sinêntak | tan awèwèh bodhah[17] cilik | munduran sira | nisani kang pinêtri ||

10. minta sêga saparane datan angsal | wangsulanira sami | tan awèh sadaya | wit arsa brêsih desa | môncapat môncalimaning | malah siniya | raryalit mêlasasih ||

11. nulya ana wong nini-nini kang prapta | wêlasira ningali | mring bocah mêminta | ngêlih anjaluk sêga | anuli dipun sukani | sêkul lan ulam | raryalit nabda aris ||

12. amung nini iya ta wawêkas ingwang | yèn ana rame mangkin | dèn inggal nyandhaka | ya nini enthongira | nungganga lêsung dèn aglis | dèn emut poma | wus kesah rarya alit ||

13. amarani rarya kèh angon maesa | gumêrah anèng sabin | kang rarya pêparab | Jaka Suksma Nglêngkara | awor rare akèh nuli |

--- 31 ---

anyêkêl sada | lanang amung sawiji ||

14. tinancêpkên ing siti kang sada lanang | nulya wêcana aris | mara payo kônca | kang padha ngon maesa | payo atotohan sami | sapa bêdhola | sada tumancêp siti ||

15. gya anglumpuk raryangon angrubung sada | bocah cilik kumaki | môngsa gôndra pira | pira gêdhening sada | Suksma Nglêngkara naturi |[18] payo totohan | yèn kabêdhol sirèki ||

16. guluningsun ing mêngko sira kêthoka | yèn tan kabêdhol êndi | ingsun jaluk sêga | lawan iwake pisan | raryangon sugal nauri | lah iya-iya | nulya binêdhol aglis ||

17. sakuwate kang sada pan ora owah | gênti-gênti prasami | abêdhol kang sada | sampun têlas sadaya | tan abisa bêdhol siji | sami sosokan | sêkul ulam prasami ||

18. ting pathuthuk tumpukan sêkul lan ulam | sêmana wus kawarti | mring desa kang cêdhak | sakathahe wong tuwa | sadaya arsa ngayoni | ambêdhol sada | sêga iwak anyangking ||

19. pan kinarya totohan sadaya ngucap | bocah cilik kumaki | yèn kabêdhol iya | lah apa êtohira | Suksma Nglêngkara nauri | ya guluningwang | lan pati urip mami ||

20. yên tan bêdhol kowe apa êtohira | sakèhe wong nauri | iya sêga iwak | wus sun tumpuki kathah | wit wong pirang-pirang dèsi | sêkul lan ulam | têlas dipun gawani ||

21. kinarya toh tinumpuk anèng pangonan | tumulya bêdhola glis [gli...]

--- 32 ---

[...s] | sakèhe wong desa | samya agantya-gantya | nêlaskên tênaga sami | ambêdhol sada | mêksa pan ora kêni ||

22. sakèhe wong desa asru dènnya ngucap | bêdholên dhewe ugi | bocah cilik sira | Suksma Nglêngkara ngucap | yèn kabêdhol sada iki | sêkul lan ulam | kabèh ingsun duwèni ||

23. dyan binêdhol kang sada lanang gumrajag | mêdal toya nglangkung |[19] kadya banjir bandhang | wêdale ingkang toya | sakêdhap kêbak wanadri | ngiringing arga | wong akèh samya mati ||

24. kêbo sapi bèbèk ayam samya pêjah | desa kêlêm tan kèksi | nini-nini tuwa | enthong cinandhak sigra | nunggang lêsung nini-nini | saparanira | kang kinarya mêlahi ||

25. amung enthongira kang kinarya wêlah | kèndêl ing Tuntang kali | dyan Sukma Nglêngkara | marani nini tuwa | lah nini sira puniki | karsaning dewa | Tuntang tunggunên niki ||

26. nulya mêntas nini tuwa anyiluman | lêsung malang ing kali | sakal dadi sela | ya ta ingkang winarna | Sukma Nglêngkara lumaris | nulya kapapag | satriya nom apêkik ||

27. pan mèh kêmbar kalawan Sukma Nglêngkara | iya kang awêwangi | Ki Sukma Ngumbara | alon dènnya têtanya | radèn dika tiyang pundi | bagus sudibya | lah sintên kang wêwangi ||

28. arsa dhatêng ing pundi ingkang sinêdya | Sukma Nglêngkara angling | yèn takon maringwang | ingsun Sukma Nglêngkara | sun iki pan arsa mulih | mring Majalêngka | kangên mring rabi mami ||

29. Nimas Ratu Nilawati garwaningwang | balikan sun takoni | sapa aranira | yèn sun [su...]

--- 33 ---

[...n] Sukma Ngumbara | apan ingsun arsa mulih | mring Majalêngka | kangên mring rabi mami ||

30. Nilawati putrane Sang Brawijaya | tan numbak tambuh mami | kang warni têksaka | mêdal saking kwadonan | ingkang sira pancas dhingin | mêngko kapanggya | nèng kene padha siji ||

31. lah payo prang rêbut putri Majalêngka | singa kang jayèng jurit | rabi Nilawatya | Radèn Sukma Nglêngkara | bramantya wus kuwêl kalih | cêngkah-cinêngkah | suduk-sinuduk gênti ||

32. yèn sinuduk Sukma Ngumbara malêsat | malêsi tan pakolih | anulya cinandhak | wau Sukma Ngumbara | lagyarsa binanting siti | asambat kalah | pasrah manut sirèki ||

33. datan purun kawula dhatêng andika | Sukma Nglêngkara angling | lah iya nrimaa | ngratoni kang lêlêmbat | kang ana ing Tuntang iki | salina aran | namaa Baruklinthing ||

34. sarupane lêlêmbut ngrawa ngratua | marang ing sira sami | ature sandika | Baruklinthing wus dadya | ratu siluman Bahrawi | Sukma Nglêngkara | enggal dènnya lumaris ||

35. arsa mantuk dhatêng nagri Majalêngka | tan kawarna ing margi | sêmana wus prapta | nagari Majalêngka | lêbêting pura anyilib | tan wruh ing kathah | tan sowan ing sang aji ||

36. pan ajujug panggihe lawan kang garwa | kang rayi dèn pacuhi | lamun anyaosna | marang sri naranata | kang rayi nurut ing laki | tan nganggo warta | dhasar kangên kapati ||

37. lama-lama sri narendra myarsa warta | yèn putra anggarbini | ibune dinuta | ngwêktèkakên[20] kang warta | kang ibu ngandika aris | mring putranira | sapa

--- 34 ---

rowangmu bunting ||

38. sira anggèr ngakua jêmbaring jaja | bayumu katon sami | pasthi sira wawrat | baturmu wawrat sapa | umatur Sang Nilawati | mring ibunira | gih wawrat tanpa laki ||

39. nanging wontên tiyang jalu ingkang prapta | arikalaning wêngi | lajêng tumut nendra | bagus maksih taruna | warnane lir laki mami | datan kantênan | pinangkanipun prapti ||

40. sarêng katur Brawijaya langkung duka | nimbali kyana patih | nata sru ngandika | hèh patih katiwasan | kadhaton kalêbon maling | sêkti aguna | wani lumêbèng puri ||

41. iya patih kêpungên sakancanira | sakèh wong Majapait | anyêkêla padha | kya patih tur sandika | angêpung wakul ngêmiti | Sukma Nglêngkara | arikalaning wêngi ||

42. sabênira anjujug ing kaputrenan | konangan mring wong kêmit | anulya ingoyak | lumêbêt marang toya | ilang pan datan kaèksi | sabên mangkana | putêk sri narapati ||

43. nulya sri narendra karya sayêmbara | sapa kang nyêkêl maling | wus punaginiwang |[21] sun ganjar nagri sigar | lawan sun trimani putri | patih undhangna | yèn ana kang bèrbudi ||

44. gya sakèhe pra wadya wus ingundhangan | sagung wong Majapait | kang para pratiwa | bupati mantrinira | kang sami sumiwèng wèsthi | kapengin krama | putri kalawan nagri ||

45. kaya apa rupane maling aguna | dene apêksa wani | saba jroning pura | pangguha lawan ingwang | sun ijèni padha siji | ngadu prawira | sêmana praptèng wêngi ||

46. asiyaga sagung wadya Majalêngka | prasamya amiranti [a...]

--- 35 ---

[...miranti] | sami sagolongan | lor kidul kulon wetan | praptèng wanci lingsir wêngi | Sukma Nglêngkara | arsa lumêbèng puri ||

47. sarêng myarsa kang kêmit samya prawira | anulya dèn sirêpi | sakèhe kang jaga | lêsah nendra sadaya | tan ana kang mêlèk siji | kêna prabawa | kadya babadan pacing ||

48. gêgamane kabèh samya pinêndhêtan | mring Sukma Nglêngkarèki | sarêng enjangira | katur sri nata duka | kyana patih dèn timbali | Ki Gajahmada | prapta saha wotsari ||

49. asru duka jaja bang mawinga-winga | kapriye iya patih | kèh wong Majalêngka | padha tiwas sadaya | anyêkêl maling sawiji | têmah brodholan | hèh iya sira patih ||

50. ingsun kongkon Gajahmada ngupayaa | kang yogya nyêkêl maling | ya cekoh-regoha | gêdhe ganjaran ingwang | kang dhingin sun ganjar putri | lan nagri sigar | ywa sira mulih-mulih ||

51. yèn tan olèh ingkang saguh anyêkêla | si maling guna sêkti | kongsi ciklu sira | amoh sandhanganira | lamun iya durung olih | wong ingkang sagah | sandika turing patih ||

52. awotsêkar lumèngsèr sangking ing ngarsa | tan mampir wismanèki | laju lampahira | datan ambêkta rowang | mung badanira pribadi | anjajah desa | ki patih milang kori ||

53. datan wontên ingkang sagah anyêkêla | marang maling sinêkti | wus kalunta-lunta | ki patih lampahira | kalangkung susah ing galih | rêkyana patya | kadya sata mèmèti ||

8. Pangkur

1. gantya ingkang winursita | Ki Brêmana kalawan [ka...]

--- 36 ---

[...lawan] Ni Brêmani | saking sabrang angsalipun | ngêjawa ngawang-awang | Ni Brêmani wawratanira wus sêpuh | kadospundi kang Brêmana | wawratan kula mèh lair ||

2. hèh yayi payo tumêdhak | nadyan duwe bayi anèng ing siti | wus prapta dharatan wau | kang jabang bayi babar | mijil jalu tinugêlan bingbingipun | bêbayi nulya binuwang | sinèlèhakên ing siti ||

3. ngisor arèn sinasaban | godhong arèn barukut datan kèksi | kang bayi tininggal sampun | sinrahakên ing dewa | arèn lagya dinèrès ing manggaripun | kang dèrès têtiyang desa | wus wayahe ngambil warih ||

4. namane pan karan anak | Pakne Dhoplang anake padha mati | wus mênyang anggawa bumbung | sapraptane ing wana | ngisor arèn kagèt dènira andulu | lamun ana bayi bajang | sinasaban godhong jati ||

5. sinambut nulya binakta | mantuk marang wisma dipun êdusi | sakêlangkung bungahipun | ya ta ing lama-lama | sampun agêng sapangoning wayahipun | pakaryane angon menda | Jaka Bodho namanèki ||

6. sakêlangkung busukira | datan lumrah samine rare alit | rare kèh samya ngon wêdhus | Jaka Bodho mênjila | Ki Brêmana anganglang jagad mandhuwur | tumingal marang mangandhap | Jaka Bodho dèn parani ||

7. Jaka Bodho gya cinandhak | marenea mêngko ingsun tuturi | Ki Jaka Bodho gya tumut | dhumatêng Ki Brêmana | marang lèpèn Jaka Bodho cinandhak wus | pan binêdhèl wêtêngira | usus winêdalkên nuli ||

--- 37 ---

8. pinalirid rinêsikan | rêrêgêde sadaya wus barêsih | linêbokkên wêtêng sampun | ingusap wus waluya | Jaka Bodho wus wangsul marang gènipun | awor lawan rare kathah | anggraita tyas malêtik ||

9. wêruh sadurung winarah | pintêr dhewe sasamane raryyalit | ya ta wau kang winuwus | Ki Patih Gajahmada | apitêkur sadhinge[22] raryyakèh iku | mangkono osiking manah | besuk apa lèhku iki ||

10. ana wong saguh nyêkêla | maling guna yèn tan olèha mami | tan kalilan mulih ingsun | kongsi cekoh-regoha | baya iki margane bilaèn ingsun | Ki Jaka Bodho sru mojar | mring kancane angon kambing ||

11. nyalêmong gènnya angucap | hèh saiki nagara Majapait | kalêbon pandung dibya nung | tur sêkti môndraguna | angrêmêni marang putri Majalangu | rowange alon saurnya | apa nyata jarmu iki ||

12. dhèk kapan olèhmu wruha | dene sira tan kesah saking ngriki | Ki Jaka Bodho lon muwus | yêktine dhasar nyata | ing samêngko sang prabu ing Majalangu | dhawuhakên sayêmbara | sapa bisa nyêkêl maling ||

13. ginanjar nagri sasigar | sarta katrimanan putrining aji | sakèhe wong Majalangu | tan bisa anyêkêla | pêpatihe Ki Gajahmada ingutus | angupaya guna bisa | kang bisa anyêkêl maling ||

14. ki patih lamun tan angsal | tan kalilan mulih marang nagari | kongsia gegroh apikun | yèn ta nyambata ingwang | sun gêduga anyêkêla malingipun | iya

--- 38 ---

ingkang saba pura | bature angon nauri ||

15. angamong kumaki sira | ngaku wêruh saguh anyêkêl maling | rare kèh sami amuwus | andorakakên samya | Jaka Bodho alon dènira amuwus | yèn tan ngandêl têtakona | wong tuwa iku kang linggih ||

16. raryyangon samya angucap | mring wong tuwa kang pitêkur alinggih | punapa nyata puniku | nagara Majalêngka | yèn kalêbon maling sinêkti dibya nung | ngrêmêni putrining nata | Jêng Ratu Mas Nilawati ||

17. Patih Gajahmada ngucap | iya nyata thole ing Majapait | klêbon maling sudibya nung | Jaka Bodho sru mojar | dene nyata prandene tan ngandêl mring sun | anyambata marang ingwang | pasthi kacêkêl kang maling ||

18. bature angon angucap | mandah sira bisa nyêkêl kang maling | sirèku luwih kumênthus | Ki Patih Gajahmada | sarêng myarsa pangucape rare wau | saguh nyêkêl maling guna | bok iyaa ingsun irid ||

19. mring bocah mau kang ngucap | apa nyata siranggèr anyaguhi | Ki Jaka Bodho lon muwus | tan yêktos punapaa | yèn tan kêna maling kacêkêl maring sun | dèn kêthoka guluningwang | dèn juwing-juwinga mami ||

20. dipun karyaa bêlabar | usus ingong nèng nagri Majapait | suwawi bêktanên ingsun | kasaosna sang nata | lamun ingsun asaguh nyêkêla pandung | kang nglanangi ing jro pura | kang nyidrèng rêsmi sang putri ||

21. ki patih graitanira | nadyan bocah titahing dewa luwih | tan kêna ingina iku | wêkasan patih mojar | iya mara ingsun saoskên [sao...]

--- 39 ---

[...skên] sang prabu | sira kang saguh nyêkêla | lah inggih dawêg kiyai ||

22. saksana sami umangkat | wêdhusira tinitipakên wuri | mring kancane ingkang rukun | lêstari lampahira | tan winarna prapta nagri Majalangu | ki patih pan sampun prapta | ing wismanira pribadi ||

23. ki patih langkung sukèng tyas | Jaka Bodho pan datan kêna têbih | sinungga sinugun-sugun | byar seba ing narendra | canthèl atur mring para nyai kang tungguk | kyana patih tinimbalan | wus prapta ngabyantara ji ||

24. abukuh pasilanira | sri narendra nulya ngandika aris | salamêta sira rawuh | apa ta olèh karya | ingkang saguh nyêkêl maling sudibya nung | kyana patih awotsêkar | dhuh inggih kangjêng dewaji ||

25. angsal prasasat tan angsal | dene inggih rare ingkang nyagahi | dèrèng pantês wancènipun | kangkata karya awrat | Brawijaya alon pangandikanipun | iya patih timbalana | rare saguh nyêkêl maling ||

26. Jaka Bodho tinimbalan | sampun prapta ngarsaning sri bupati | kagyat sang nata andulu | dene ta maksih bocah | sanggup nyêkêl maling guna sudibya nung | jroning tyas angunadika | sanadyan iku raryyalit ||

27. datan kêna dèn inaa | padha titahing dewa kang linuwih | wêkasan ngandika prabu | hèh bocah apa sira | ingkang saguh nyêkêl maling sudibya nung | julik sêkti saba pura | yèn kacêkêl sira ugi ||

28. agêdhe ganjaran ingwang | ingsun wèhi nagara rabi putri | yèn tan kacêkêl sirèku | sun kêthok gulunira | Jaka Bodho [Bo...]

--- 40 ---

[...dho] matur sandika wotsantun | lamun angsal sabdèng nata | anyêpêng kang punang maling ||

29. sang prabu malih ngandika | Jaka Bodho lah iya mêngko bêngi | sira cêkêla kang pandung | tan antara wayahnya | sampun dalu ya ta dhustha praptanipun | Rahadèn Sukma Nglêngkara | arsa manjing jroning puri ||

30. pukul sanga wancinira | Jaka Bodho miranti margi maling | ya ta pandung kang lumaku | Jaka Bodho umiyat | punang dhustha sinapa kagyat lumayu | binujung sampun kapanggya | arame dènira jurit ||

31. akuwêl candhak-cinandhak | gênti dugang cêngkah bithi-binithi | cinêkêl maling marucut | lumêbèng marang toya | wadya Majapait aloknya gumuruh | kang sami ngêpung sadaya | miwah kang ngampingi margi ||

32. pandung aguna wus musna | panguripanira malêbèng warih | wus tatas rahinanipun | kèndêl kang samya nganglang | Jaka Bodho lajêng sowan ngarsa Prabu | Brawijaya angandika | lah priye luput kang maling ||

33. dene gumêdêr swaranya | Jaka Bodho matur saha wotsari | inggih pandung wau dalu | ngantos apôncakara | kula tubruk kacêpêng pandung marucut | yêktos sêkti môndraguna | lajêng lumêbêt ing warih ||

34. sirna awor lawan toya | amung toya pagêsanganing maling | panuwun amba sang prabu | sakèhe kang sêgaran | blumbang kulah gênthong kêndhi miwah sumur | sadaya sami dèn sata | salêbêtipun jro puri ||

35. sadina wus ingêsatan | kawarnaa ing wanci sampun wêngi | miranti kang jaga pandung | sakèh lawang jinagan | Radèn Sukma Nglêngkara [Nglêngka...]

--- 41 ---

[...ra] arsa lumêbu | malumpat ing pagêr bata | praptèng jro kawruhan dening ||

36. kapêthuk lawan Ki Jaka | gya sinapa maling nulya ngayati | kalihe lajêng acaruk | kuwêl narik juriga |[23] gantya nyuduk datan tumama kang dhuwung | Jaka Bodho pan angrunjang | kang maling cinêkêl wani ||

37. marucut dhustha maluywa | dèn tut wuri saparan dèn cêgati | lumayu ngupaya banyu | ngalor ngidul samya sat | pan kewuhan maling guna paranipun | anekat lumêbèng pura | mring gènira sang suputri ||

38. wus panggih lawan sang rêtna | Radèn Sukma Nglêngkara ngandika ris | yayi kajodheran ingsun | môngsa bodhoa sira | mati urip sun pasrah marang sirèku | Ki Jaka Bodho kèmêngan | arsa dèn êsuka ajrih ||

39. umatur marang sang nata | ulun matur dhatêng paduka aji | nyaoskên tiwas pukulun | dèntên pandung nèng pura | mring kaputrèn ulun ajrih mring sang prabu | ngandika Sri Brawijaya | marang kajinêman sami ||

40. kaputrèn kinèn angêpang | wus kinêpang wau kaputrèn sami | kajênêngan sang aprabu | Radèn Sukma Nglêngkara | lan sang putri wus pisah dènira lungguh | sanadyan pêjah gêsanga | kang raka tansah kinanthi ||

9. Kinanthi

1. Sukma Nglêngkara amuwus | dhuh arèningsun mas gusti | abdine tur pêjah gêsang | sumôngga karsa sang putri | ngandika lon sang kusuma | sayêkti kula nglabuhi ||

2. pêjah gêsanga lan ingsun | yèn paran tumêkèng pati | kawula matur ing rama | kalamun tan dèn praduli | dadia taru wilata | wong roro sami nglêboni ||

3. sêmana wau sang prabu | kang putra

--- 42 ---

kinèn nimbali | lurah kaparak lumampah | dhawahkên timbalan aji | paduka gusti ngandikan | mring ramanta sri bupati ||

4. lurah kaparak andulu | kang linggih lawan sang putri | yèn kakungira kang kesah | Radèn Bandung kang rumiyin | osiking manah mangkana | kaniaya kang wêwarti ||

5. têka dèn arani pandung | karsane sang kusumadi | ingkang raka ingawêran | binônda ing cindhe wilis | binêkta sowan ing rama | nulya lumampah sang putri ||

6. sarta nyêpêng bêstanipun | pribadi kang cindhe wilis | jajar kapering ing wuntat | dyah nèng ngarsa nyêpêng tali | sarta drês mijil kang waspa | prapta byantara narpati ||

7. nglosod nèng ngarsa sang prabu | Bandung bukuh dènnya linggih | sang putri nyungkêmi pada | sarta sambat amlasasih | kaniaya kang pawarta | kature marang rama ji ||

8. laki sun dhewe anglangut | kang saba puri ing wêngi | tinarka maling aguna | kalamun dipun patèni | pasthi sun milu palastra | anglabuhi laki mami ||

9. sarêng myarsa sang aprabu | sêsambatira sang putri | kumêmbêng wau kang waspa | dukanira sirna ênting | kang kari wêlas kewala | wêkasan ngandika aris ||

10. gya Brawijaya tumurun | anguculi kang têtali | babêstan kang cindhe kêmbang | wus luwar Bandung ngabêkti | sumungkêm padaning rama | mangusap lêbu kang rai ||

11. sawusira Bandung lungguh | mêpês nèng ngarsaning aji | sang nata aris ngandika | mèh kapindhon sira iki | arsa nglakoni palastra | matur Bandung mring sang aji ||

12. amba priyôngga kang luput | prapta tan sowan sang aji | sumôngga kang pêjah gêsang |

--- 43 ---

katura ing paduka ji | gêsange pun Bandung darma | sèstu nata kang darbèni ||

13. mangkana wau sang prabu | pan arsa miyos tinangkil | pra mônca pêpak sewaka | bupati lan para mantri | aglar anèng pagêlaran | miwah Gajahmada Patih ||

14. nulya miyos sang aprabu | tumêdhak saking sitinggil | Dyan Bandung Sukma Nglêngkara | Jaka Bodho atut wuri | ginarêbêg ing biyada | gya nata pinarak kanthil ||

15. kêncana sinotya murub | angandika sri bupati | patih sakèh wadyaningwang | srupane wong Majapait | Si Bandung Sukma Nglêngkara | ing mangkya sun junjung linggih ||

16. prabu anom ajêjuluk | Arya Balitar kang nami | Si Bodho sun junjung lênggah | angliwoni pra dipati | Arya Banyak Widhe rannya | nèng kiwane sira patih ||

17. wadya sadaya jumurung | saha sêmbah saur pêksi | sang nata gya angêdhatyan | wus bubar kang samya nangkil | gantya ingkang winursita | garwane sri narapati ||

18. endhang kang arupa diyu | wangsul mring panggenan malih | guwa satêngahing wana | wawratan wus sangang sasi | babar jalu warna pelag | enggal agêng dèn wastani ||

19. mring uwa rêksasa wau | Arya Damar kang wêwangi | abagus sampun diwasa | amothah takèn sudarmi | kang uwa alon saurnya | suwitaa putra mami ||

20. mring Sang Prabu Majalangu | wruh ramanira kang nami | Arya Damar gya pamitan | mring uwa kalawan bibi | Arya Damar gya umangkat | marang nagri Majapait ||

21. datan kawarna ing ênu | lampahe pan sampun prapti | nagari ing

--- 44 ---

Majalêngka | Arya Damar canthèl nuli | wus malêbèng panakawan | katrima pangwulanèki ||

22. mangkana wau sang prabu | karsanira acangkrami | marang wana anggrit sangsam | banthèng kidang lawan kancil | Arya Damar matur nêmbah | kalamun nata marêngi ||

23. susah-susah mring wana gung | kawula inggih nyagahi | dhatêngakên buron wana | wontên alun-alun sami | ratwagung yèn marang wana | pan inggih kathah drigami ||

24. sukèng tyas wau sang prabu | Arya Damar sira iki | apa têmên aturira | yên goroh sun kêthok ugi | aturipun gih sandika | kalamun tan wontên prapti ||

25. Arya Damar pamit mundur | kalilan sampun lumaris | sakêdhap prapta ing guwa | lawan uwa yêksa panggih | wus tutur kang mulabuka | kang uwa suka tan sipi ||

26. olih gawe putraningsun | dene pinaringan kardi | rêksasa nulya mring wana | angirub buron wanadri | sakathahe buron prapta | kidang manjangan lan kancil ||

27. banthèng lawan kêbo danu | kêthèk lutung lawan gênjik | miwah kang pêksi alasan | lir grah kapitu swaraning | kang putra kinèn giringa | Arya Damar tan asari ||

28. bêrêg kang buron wana gung | datan kawarna ing margi | prapta têpining nagara | kang buron ingandhêg sami | ingidêran ingujaran | aja lunga-lunga sami ||

29. manira matur sang prabu | ya ta wau sri bupati | ing dina Soma pinarak | anèng paglaran siniwi | pra mônca dipati pêpak | mantri minantrèkkên sami ||

30. Arya Damar sowan ngayun | Brawijaya ngandika ris | Arya Damar di rupanya | sakèh kang buron wanadri | inggih dewaji nèng wuntat [wunta...]

--- 45 ---

[...t] | Arya Damar sampun prapti ||

31. ênggyane buron wana gung | nata minggah panggung nuli | pra dipati wus mirantya | sakwèh kori dèn têtêgi | kang mênga mung pangurakan | sarta jinaganan patih ||

32. Arya Damar kang giring wus | buron kang rinantun sami | bodhol swaranya gumêrah | lurung gêng dènnya lumaris | ingkang anjog pangurakan | wus malbèng lun-alun sami ||

33. sawuse têlas tinutup | galedhegan mring kya patih | kang paksi mibêr anglayang | wus anjog lun-alun sami | ewon lêksan pan awêndran | buron wana kang ngêbêki ||

34. nèng sajroning alun-alun | kadya udan sinêmèni | swarane kang buron wana | nata sukane angênting | miwah sakèh pra prawira | panggonanira wus mranti ||

35. samya mencok pêksinipun | mring sirahe kang wadya lit | cinêpêng tutut kewala | miwah parêkaning aji | nyêpêngi manuk kewala | sukanira pan kêpati ||

36. ngasta sanjata sang prabu | sinipat kang buron kêni | gumlethak sandhinge mlajar | tunjang-tinunjang agênti | sang nata kalangkung suka | dhawuh timbalan sang aji ||

37. marang ing wadya sadarum | sapa ingkang arsa ngambil | iwake kang buron wana | padha bêdhila pribadi | tumandang kang pra pratiwa | mring buron wana bêdhili ||

38. swarane lir gunung guntur | saking kèhe bêdhil muni | wus akèh buron galethak | kang kari giras mawêngis | nata wus dhawuhkên prentah | mêngani gladhak tumuli ||

39. kang buron wana gumrubyuk | wus gusis mêdal prasami | lumajar [luma...]

--- 46 ---

[...jar] mantuk mring wana | mangkana sri narapati | pinarak ing pagêlaran | Arya Damar tan atêbih ||

40. ingakên putra sang prabu | anulya jinunjung linggih | tinanêm nagri Palembang | sinungan nama dipati | kinèn mantuk mring Palembang | sang nata wus malbèng puri ||

41. ginarêbêg para arum | wus bubar kang samya nangkil | tata titining nagara | panjênêngan wus alami | sang aprabu sampun muksa | kang putra gumantya aji ||

42. Brawijaya kang jêjuluk | panjênêngan kaping kalih | patih maksih Gajahmada | kang ngimpuni Maospait | wus tuwa kagantyan putra | maksih Gajahmada nami ||

43. wus lama ing kartanipun | nagari ing Maospait | ki patih dalu rêmên kas | arang tan purun sumiwi | yèn dinangu awad lara | lami-lami pan katitik ||

44. marang wau sang aprabu | nulya nata animbali | ingkang wadya kajinêman | prapta kalih awotsari | sri naranata ngandika | cidranên ya si apatih ||

45. kajinêman nêmbah matur | sandika ulun nglampahi | dewaji kauningana | abdi dalêm kyana patih | sakèhing braja tan pasah | têguh timbule kêpati ||

46. sang nata ngandika asru | ana dayaningsun malih | kang siyung waja pinokah | pinusus wus dadi kêris | ingaran dhapur sêpokal | iki gonên nyidra patih ||

47. kajinêman tampi sampun | taksih lêligan kang kêris | prapta wismane ki patya | jinêjêp tan ana kèksi | ki patih wus mirsa warta | kajodheran gènnya sakit ||

48. runtik arsa karya lampus | umpêtan [umpê...]

--- 47 ---

[...tan] rêkyana patih | anèng ing bakupon[24] dara | sadêdêg panggayuh inggil | dhuwure bakupon dara | yèn sare ngriku ki patih ||

49. kajinêman pan wus dangu | dènnya ngubrês tan kapanggih | salêbêting wismanira | kaku tyas kudaning patih | kang kinasihan satunggal | gêdhogane wuri mêncil ||

50. cêlak bakupon gènipun | nulya inguculkên aglis | lumajêng saking gêdhogan | anèng kêbon bêrak-bêrik | cêluk-cêluk kiya patya | saking bakupon mrentahi ||

51. gamêl cêkêlên jaranmu | cinêkêling kathah kêni | linêbêtakên gêdhogan | wus têntrêm sami aguling | kajinêman wus uninga | ênggone rêkyana patih ||

52. pinaranan ngisoripun | sinuduk sinôngga ing kris | galar tatas klasa bêdhah | nêratas gigiring patih | têrus butul kang pranaja | wus pêjah rêkyana patih ||

53. kajinêman sampun mantuk | mring pura matur sang aji | yên patih sampun palastra | sukèng tyas sri narapati | dhuwung katur wus tinampan | sinarungan saput pranti ||

54. ing dina Soma sang prabu | pra dipati samya nangkil | pêpak pra wadya ngamônca | ngandika sri narapati | sapatine si apatya | sutane gumantya patih ||

55. ya maksiha aranipun | Gajahmada nunggaksêmi | pra punggawa matur nêmbah | sandika dhatênging gusti | ginanjar dhuwung kya pakya |[25] dadya anggon-anggon patih ||

56. yên anganggo dhuwung iku | kinajrihan ing sasami | kêncêng jêjêging nagara | sapokal dhawuring[26] kêris | wit iku pêpujan ingwang | sêkar sinome gumanti ||

--- 48 ---

Catatan kaki:

1. anggêntosi (kembali)
anggêntosi
2. kapyarsèng (kembali)
kapyarsèng
3. Halaman 4 dan 5 tidak ada. (kembali)
Halaman 4 dan 5 tidak ada.
4. tinanya (kembali)
tinanya
5. botên (kembali)
botên
6. manthêng (kembali)
manthêng
7. kapyarsa (kembali)
kapyarsa
8. kabêcikan (kembali)
kabêcikan
9. bul-umbul (kembali)
bul-umbul
10. tontonan (kembali)
tontonan
11. kênyapuri (kembali)
kênyapuri
12. dhinahar (kembali)
dhinahar
13. Lebih satu suku kata: kang jalu dipun wastani (kembali)
Lebih satu suku kata: kang jalu dipun wastani
14. tinambakkên (kembali)
tinambakkên
15. Kurang satu suku kata: Gajahmada gya awangsul (kembali)
Kurang satu suku kata: Gajahmada gya awangsul
16. sinipi (kembali)
sinipi
17. bocah (kembali)
bocah
18. nauri (kembali)
nauri
19. Kurang satu suku kata: mêdal toya nglangkungi (kembali)
Kurang satu suku kata: mêdal toya nglangkungi
20. ngyêktèkakên (kembali)
ngyêktèkakên
21. punaginingwang (kembali)
punaginingwang
22. sandhinge (kembali)
sandhinge
23. curiga (kembali)
curiga
24. pagupon (dan di tempat lain) (kembali)
pagupon (dan di tempat lain)
25. patya (kembali)
patya
26. dhapuring (kembali)
dhapuring