Sêrat Babad Pajajaran Dumugi Dêmak

Ôngka 2

--- 1 ---

1. Pangkur

1. angadêgakên narendra | marang sira wau sang adipati | kinèn kait lan sadulur | kang wontên ing Madura | lan Sumênêb Balega dipatinipun | sami putra Brawijaya | miwah kang nèng Pranaragi ||

2. wus samya umasuk Islam | mangku ibah Jumungah wiji-wiji | miwah aoliyanipun | Sunan Ngampèl akarya | duk sêmana wus rêmbag sadayanipun | anêlukakên kang rama | Sang Aprabu Maospait ||

3. yèn tan purun gama Islam | pan binêdhah nagara Maospait | Susunan Giri jinunjung | dadya kang pangèdhêpan | para wali kang minôngka imanipun | Sunan Benang kang minôngka | panêmbahane pra wali ||

4. anêksèni ing agama | Sunan Ngudung kinarya senapati | ngrèhakên Islam sadarum | kalamun ana aprang | ikang[1] bôngga agamane Kangjêng Rasul | Sunan Ngudung kang misesa | wong Islam lamun ajurit ||

5. angadoni jayèng yuda | Sunan Gunungjati môngka kêmudhi | kang para wali sadarum | yèn maju ing paprangan | Sunan Giri jurungi donga lumaku | sakancane aoliya | sakancane tanah Jawi ||

6. Susunan Ngudung wus budhal | saking Dêmak atata-tata sami | sakèhe Islam sadarum | dandan gêgamaning prang | Sunan Benang dudum[2] badhe adêgipun | masigid agêng ing Dêmak | bêbah-bêbahan pra wali ||

7. amêndhêt kang pra dandanan | sakanira usuk rèng sirap sami | wana lèr Kêndhêng ginêpuk | ingkang pra wali kathah | sami [sa...]

--- 2 ---

[...mi] andarbèni rerehan wana gung | Jêng Susunan Kalijaga | rerehane kidul ngardi ||

8. Kêndhêng Pepe watêsira | mangulone mangetan kidul kali | sadayane pêpak sampun | kayu lajêng binêkta | marang Dêmak pra wali sadayanipun | mung Susunan Kalijaga | sadina-dina ngadhêpi ||

9. mring wong madung tatalira | kinlumpukkên anulya dèn bêngkêki | ana rong-orong lumaku | mring saka winadungan | gya kuwadung rong-orong gulune jabud | pêjah pinêndhêt Jêng Sunan | Lèpèn tinuntumkên aglis ||

10. sinambungan gulunira | tatal jati inguculakên urip | orong-orong milanipun | dalah mangke gulunya | yèn binêthot isi tatal jroning gulu | pêjah tinuntumkên gêsang | puniku purwane nguni ||

11. mangkana Jêng Sunan Benang | lawan wau Jêng Sunan Gunungjati | ngandika mring Dipatyaku | Dêmak kinèn utusan | mring Palembang tur uninga ramanipun | yèn nagara Majalêngka | arsa pinêrêp ing jurit ||

12. yèn tan arsa gama Islam | lan wêruha atmajanira kari | anèng nagri Majalangu | ing Têrung Pêcattôndha | badhe dadya senapatining prang pupuh | nanging batine wus Islam | jalukkên lilane ugi ||

13. wantune wong bôndayuda | rêbut urip singa ingkang ngêmasi | lan jaluka pitulung |[3] apa kang tinulungna | marang sira amrih mênanga prang pupuh | sang dipati sigra karya | surat sawusira dadi ||

14. binêktakkên ing utusan | ulubalang sigra layar tumuli | marang ing Palembang

--- 3 ---

wau | gantya ingkang winarna | senapati wau Jêng Susunan Ngudung | wus akarya surat marang | Sang Aprabu Maospait ||

15. têmbunge kang puranangsut[4] Sunan Ngudung têtindhihing ajurit | senapatining prang pupuh | prawira widigdaya | ingkang angrèh sakèhe Islam sadarum | panêtêg panatagama | mamuji marang Hyang Widhi ||

16. ping kalih dhatêng utusan | Kangjêng Nabi Mustapa kang sinêlir | kaatura ing pukulun | Sang Prabu Brawijaya | sampun sêpuh wit kawula momong sunu | Dipati Dêmak kang dadya | ratuning wong Islam sami ||

17. paduka ngarsakna Islam | yèn tan arsa kapêrêp ing ajurit | kawula kinèn amukul | titi tamat kang surat | gya kinancing binakta utusanipun | ulubalang wus umangkat | marang nagri Majapait ||

18. datan kawarna ing marga | lampahira sêmana sampun prapti | kya patih ingkang jinujug | Gajahmada wus panggya | têmbungira ingutus Susunan Ngudung | asowan dhatêng narendra | utusan nulya ingirid ||

19. asowan sri naranata | duk sêmana sineba nèng sitinggil | pêpak pra dipatyèng ngayun | mantri pra mônca aglar | para putra sêntana nèng keringipun | nata pinarak dhampar mas | ingayap ing para cèthi ||

20. asri ingkang upacara | ampilane ingkang para pawèstri | banyak dhalang lawan kacu | êmas ardawalika | sawunggaling kinêbutan badhak pungkur | nulya Patih Gajahmada | umarêk saha wotsari ||

21. pukulun atur [a...]

--- 4 ---

[...tur] uninga | wontên dutanipun kang ngirid baris | ing Dêmak Susunan Ngudung | kang dadya senapatya | atur surat kaatura ing pukulun | nulya pinundhut kang surat | kadriya ungêling tulis ||

22. hèh Apatih Gajahmada | nora bêcik asih marang wong nisthip | dene tan malêri ingsun | mring abdèningsun Jawa | agamane yèn mangsuk Islam puniku | yèn tan mangsuk dèn nêngêna | aywa praduli ing kapti ||

23. sarta wong kang gama Islam | sun ingoni lan tanah sun paringi | mardika sakarêpipun | luput sakèh pakaryan | pan ing mêngko têka bisa gawe mungsuh | ngong pasrah dewa bathara | kang akarya pati urip ||

24. sok ingsun têmên-têmêna | yèn si Islam bisa gawe bilai | sawarga ginawe ayu | ngêndi gone suminggah | yèn wus prapta marang ing papêsthènipun | yèn si Islam prange mênang | pasthi ing benjang tinagih ||

25. marang wong Buda kang kalah | padha nitis mring nangkoda kang prapti | nèng Jakarta ênggènipun | dene ing mêngko patya | sak ajanging ajang tadhahana pupuh | sarupaning wadyaningwang | padha undhangana sami ||

26. mapaga yudane Islam | sira ikang ngêmbanana ajurit | si kulup Dipati Têrung | dadia senapatya | angadoni wong Majapait prangipun | murba misesa punggawa | panata pangirid baris ||

27. têtindhihe putraningwang | ya Si Gugur iku gawanên jurit | kongkonane Sunan Ngudung | lah iku wangsulana | nora gêlêm dikon Islam raganingsun | yèn Si Islam [Isla...]

--- 5 ---

[...m] mêksa gêcak | nagara ing Majapait ||

28. sakarêpe sun tumadhah | nulya kondur wau sri narapati | Brawijaya angêdhatun | gya duta winangsulan | marang Patih Gajahmada surat sampun | mundur saking pagêlaran | caraka amundhi tulis ||

29. Kyana Patih Gajahmada | gya budhalan sawadya Majapait | sajawining nagri rawuh | atata pasanggrahan | wus pinanci badhening papaning pupuh | miwah panggonaning mêngsah | awiyar tata aradin ||

30. sawisira apêpakan | sakathahe wadya ing Majapait | têtindhih Rahadèn Gugur | ing Têrung Pêcattôndha | ingkang môngka dadya senapatinipun | misesani ing ayuda | sakèhe wong Majapait ||

31. kunêng duta sampun pranta | kawarnaa ingkang samya abaris | balane Susunan Ngudung | tumamèng ing ayunan | awotsêkar ngaturkên sêrat wêwangsul | Sang Dipati Gajahmada | bêbukane punang tulis ||

32. sêrate Ngudung si anak | sampun katur Sang Prabu Maospait | tan arsa yèn kinèn anut | marang tabiyat Islam | dene arsa mukul ing prang sang aprabu | kang wadya kinèn tumadhah | sakarsanira ing jurit ||

33. titi tamat ingkang sêrat | nulya Sunan Ngudung ngangsêkkên baris | mrêpak nagri Majalangu | saksana yun-ayunan | sampun tata pasanggrahannya sadarum | wadya Dêmak Pranaraga | Dipati Islam pasisir ||

34. saturute sampun nglêmpak | miwah wadya Madura sampun prapti | Sumênêp Balega sampun | Sampang urut Sêmarang [Sê...]

--- 6 ---

[...marang] | padha Islam manut mring Susunan Ngudung | wadya lit sadina-dina | wus campuh rame kang jurit ||

35. pan agantya long-linongan | kawarnaa wau kang para wali | gènnya karya masjid agung | abahannya wus pêpak | amung kantun satunggal kang saka guru | lor wetan bubuhanira | Susunan Johar maraki ||

36. tan wontên ujuding saka | amung tatal kinalumpukkên aglis | marang Sunan Kali wau | mangkana Sunan Benang | mariksani abahan masjid sadarum | anulya wau tumêdhak | marang gène Sunan Kali ||

37. jêbèng di bubuhanira | saka guru lor wetan kang sawiji | masjid sun adêgkên sesuk | mung nganti praptanira | ingkang anèng pabarisan jêbèng Ngudung | pasthine yèn sesuk prapta | jênêngi adêging masjid ||

38. barise apan tinilar | yèn wis ngadêg masigid bali maning | Sunan Kali awotsantun | gampil saka satunggal | mangke dalu kawula warnèkne sampun | gumujêng Susunan Benang | mangkana praptaning latri ||

39. Susunan ing Kalijaga | ingkang tatal sawuse dèn bêngkêki | sinami lan saka guru | agêng lan panjangira | gya ingurut ngasta tatal tungtum sampun | awor rapêt samya wrêksa | lawan saka guru sami ||

40. nulya kang wrêksa sinabda | sira saka tatal ywa rusak nuli | yèn durung rusak kang têlu | warnanira apelag | tatahane purusan kadya kang têlu | enjange dyan wali pêpak | kagyat dènira ningali ||

41. kang saka wus jangkêp papat | kapanane olèhe saka prapti [pra...]

--- 7 ---

[...pti] | dene apik warnanipun | pan sami tiningalan | lamun tatal kang kinarya saka guru | tandhane antup-atupan |[5] marmane rupane apik ||

42. lah ta iki basakêna | tan kangelan bature mring wanadri | anjuputi tatal ingsun | ing besuk wuri uga | wong kiduling Kêndhêng kali Pepe besuk | amèk wrêksa lor dadia | panase ingkang ngênggoni ||

43. kalawan sok akobaran | marmanipun nênggih dalasan mangkin | tan kêna ginawa ngidul | mangkana Sunan Benang | wus mriksani abahan pêpak sadarum | Susunan Ngudung wus prapta | tinilar wau kang baris ||

44. pra wali samya anyandhak | abahane masigid wiji-wiji | bêbahane pyambak wau | ingadêgakên nulya | swaraning wong akèh gumêdêr gumuruh | wus ngadêg guru sêkawan | sunduk kiline wus manjing ||

45. saka rawa sampun tumrap | usuk êrèng sirap pinasang sami | wuwung mastakane sampun | mung keblat maksih diya | kang pra wali sadaya pamawasipun | samya waon-winaonan | bênêre kalawan masjid ||

46. ing Mêkah lan kakbetullah | ana ingkang kurang ngalor ngarani | ana kang kurang mangidul | dadya yog-ingoyogan | jinawilan ing driji siji panuduh | swaranira agêrotan | marang ingkang para wali ||

47. upama tinarik tampar | pan wong sangang atus ingkang nyêkêli | punika sêsamènipun | masigid kadya jomplang | Sunan Benang alon pangandikanipun | kang para wali kèndêla | asoa ing mêngko bêngi [bê...]

--- 8 ---

[...ngi] ||

48. nêdha ing Allah winawas | ing bênêre lawan kakbetullahi | kang pra wali lèrèn sampun | prapta ing wênginira | salat khajat kang para wali sadarum | sak bakdane sigra mawas | masigit kang para wali ||

49. maksih diya keblatira | têngah dalu wayahe ingkang wêngi | sing wetan pamawasipun | mangilèn adhêpira | katingalan ingêncêng kakbah puniku | wontên kang ngarani kirang | mangalèr mangidul kêdhik ||

50. nulya Sunan Kalijaga | nêmbah minggah mêrgagah anèng nginggil | anyandhak mustakanipun | nênggih masigid Dêmak | asta kanan anyandhak pêpucukipun | sumôngga sanak sadaya | mênggah keblat kadospundi ||

51. kang para wali amawas | sampun lêrês keblate kang masigid | kalawan kakbah puniku | Sunan Kali gya lênggah | duk sêmana wêktunira manjing Subuh | Sunan Kalijaga adan | Sunan Benang kang ngimani ||[6]

52. sabakdanira asalat | mapan wontên gumandhul nèng masigid | sira gada ênggènipun | inguthik sampun tiba | tiningalan lamun wontên suratipun | unining surat rasukan | lorodane Kangjêng Nabi ||

53. salalahu ngaleyasalam |[7] dhumawuha marang pra wali Jawi | wruhanira klambiningsun | aran Ôntakusuma | Sèh Malaya ingkang sun paringi iku | ulêse badinaningwang | takwa arane si gondhil ||

54. sapa-sapa ingkang dadya | babêkêle nagara tanah Jawi | si gondhil gon-anggonipun | Jêng Sunan Benang nabda | iya sira jêbèng

--- 9 ---

kang pinaring Rasul | lorodan kulambi aran | Kyai Ôntakusumadi ||

55. ulêse brindhil kang warna | badinane Jêng Nabi kang pinaring | tanah Jawa bêkêlipun | Jêng Sunan Kali nêmbah | marang guru tinampan kulambi sampun | sarwi sujud nêkêm sirah | kaping tiga nulya tangi ||

56. kalangkung sokur ing Suksma | kaping kalih marang ing Kangjêng Nabi | wus dadya kang masjid agung | Dêmak langkung kawuryan | Sunan Ngudung nêmbung kulambi sinambut | Ôntakusuma kagêm prang | antuka suphangat Nabi ||

57. nulya dèn ulungkên inggal | marang sira wau Jêng Sunan Kali | wus tinampèn Sunan Ngudung | saksana gya umangkat | mring barisan wong Islam kasor prangipun | kèh kang pêjah nandhang brana | unggul prang wong Majapait ||

58. Sunan Ngudung èsmu merang | de wong Islam kalah lawan wong kapir | risaksana dandan gupuh | ngagêm kang prajuritan | Kyai Ôntakusuma uwus rinasuk | anulya nitih turôngga | tan sêdya mundur ing jurit ||

2. Durma

1. Sunan Ngudung wus nêngahi rananggana | ngêmbat watang kumitir | wong ing Majalêngka | payo sun kêmbulana | dèn padha sudirèng wèsthi | kiya dipatya | ing Têrung kang ngabani ||

2. mring prajurit Majapait kinèn mangsah | kroyokên ing ajurit | Ngudung paksa lanang | prange môngsa pelaga | wong santri karyane ngêmis | prajurit mangsah | angrubut ing jurit ||[8]

3. mara Sunan Ngudung ana saking ngarsa | ana kang saking kering | abendrong sanjata | prajurit sarwi surak | mimis tan ana [a...]

--- 10 ---

[...na] ngênèni | maring susunan | padha batur kang kêni ||

4. prajurit ing Majapait ting jalêmpah | kabranan kênèng mimis | kulon lawan wetan | kathah kang samya pêjah | saking rowange pribadi | lor kidul kêni |[9] kunarpa susun tindhih ||

5. sampun sirêp unine ingkang sanjata | prajurit Majapait | anumbak gya mangsah | nglarihi sangking kanan | kang sawênèh saking kering | sing wuri ngarsa | prasamya anglarihi ||

6. mring Susunan Ngudung wus datan tumama | binênthak kang prajurit | lawunge malêsat | katumbak rowangnya |[10] kèh mati wong Majapait | prasamya rowang | tumbake angênèni ||

7. sampun sirna prajurit kang maju ing prang | Sunan Ngudung sêsirig | sarwi sumbar-sumbar | êndi ingkang minôngka | senapatining ajurit | mêtua ing prang | atandhing lawan mami ||

8. lir sinêbit Dipati Têrung karnanya | Pêcattôndha nulya glis | ngrasuk prajuritan | nulya nitih turengga |[11] angagêm waos kumitir | ingêmbat-êmbat | saksana wus apanggih ||

9. yun-ayunan Sunan Ngudung lan dipatya | lawungira wus uthik | pan gêbang-ginêbang | datanpa bisa numbakya |[12] sami prawirane kalih | sadangunira | tan bisa anglantari ||

10. kuciwane Susunan Ngudung wus sayah | dènnya prang wus sakenjing | ngantos praptèng ngasar | karosanira suda | lawungira wus katitih | gya Pêcattôndha | lawungira mranani ||

11. jajanira Sunan Ngudung kaprajaya | anêrus maring gigir | kang rah sumamburat | niba lajêng palastra [pala...]

--- 11 ---

[...stra] | Kyai Ôntakusuma glis | konus umêsat | mantuk mring Dêmak nagri ||

12. layonira Sunan Ngudung wus rinêbat | marang wong Islam kêni | nulya sinucenan | tinrapakên bandhosa | nulya ingulihkên aglis | barising Islam | maksih pajêg nadhahi ||

13. pêrangira prajuriting Majalêngka | gantya ingkang winarni | Ki Ôntakusuma | mantuke kuthah êrah | kagyat Jêng Susunan Kali | nulya cinandhak | rasukan gya ingisis ||

14. Sunan Kalijaga nulya mring wismanya | Sunan Ngudung kang rabi | lajêng awêwarta | bok ayu dika wruha | si kakang kados ngêmasi | nèng adilaga | kang bok ayu nauri ||

15. sintên adhi ingkang pawarta ing dika | Sunan Kali ngling malih | Ki Ôntakusuma | mantuke kuthah êrah | rinêksa jawining pasthi | yèn sajronira | sintên kwasa mambêngi ||

16. rabinira Sunan Ngudung jrit karuna | tan adangu gya prapti | wau layonira | Sunan Ngudung ing Dêmak | jinujugakên ing masjid | pra wali samya | anyalatakên sami ||

17. sinarèkkên lor kulon misjad[13] wus purna | mangkana kang winarni | caraka wus prapta | kang marang ing Palembang | Ki Arya Damar ngintuni | marang kang putra | bêbantu ing ajurit ||

18. warni pêthi nèng paprangan dèn bukaka | pêthi wus dèn tampani | mring Dipatya Dêmak | ingaturakên Sunan | Benang angandika aris | mring kaponakan | atmajane kang rayi ||

19. Sunan Kudus dadya panguluning Dêmak | Kudus kang dèn lênggahi | babo putraningwang | patine

--- 12 ---

ramanira | apan sira kang prayogi | anggêntyanana | sumilih senapati ||

20. angrèhêna sakèhe prajurit Islam | nuli banjur ajurit | marang Majalêngka | isun gawani sarat | ramanira Sunan Giri | sarta anggawaa |[14] sakèhe para wali ||

21. jurungana ing yudane lah unggula | Susunan Gunungjati | anambungi sabda | jêbèng iya manira | maring rowang sirèki |[15] bêbadhong ingwang | ginawa kaum mami ||

22. yèn wus sira prapta anèng pabarisan | kirabên badhong mami | nulya Sunan Benang | alon dènnya ngandika | lan yèn wus prapta ing jurit | lah kirabêna | saking Palembang pêthi ||

23. atur sêmbah Sunan Kudus tur sandika | drêmi amba nglampahi | malih angandika | hèh adhi Giri sira | ing Madura Si Dipati | Sumênêp Blega | padha undangên sami ||

24. marang Giri padha sira klumpukêna | banjêla ing ajurit | padha putra nata | Majapait kang Islam | miwah kang nèng Pranaragi | padha maguta | angrêmuk Majapait ||

25. Sunan Giri ature inggih sandika | wus pradandanan sami | bodhol saking Dêmak | prapta ing pabarisan | wus kumpul sami miranti | lan baris lawan | Susunan Giri mangkin ||

26. Dipati ing Madura lan Pamêkasan | Sumênêp Adipati | Balega wus prapta | anèng ing pabarisan | dipati ing Pranaragi | sampun anglêmpak | lan baris Islam sami ||

27. badhongira Sunan Gunungjati nulya | kinirab amêdali | kang tikus awêndran | marang pakuwon [pa...]

--- 13 ---

[kuwon...] mêngsah | anacah angêrikiti | marang dandanan- | nira wong Majapait ||

28. lêbur kabèh dandanane wong ayuda | panganggoning prajurit | praboting turôngga | ambên apus lan larap | miwah sarungan kêndhali | lêbur sadaya | gègèr wong Majapait ||

29. dene tikus iki baya tikus apa | rinêbut nora kêni | têkane awêndran | playune jêranthalan | nyaut landheyan sirnanting | pan kadya rangas | ngarêngês sabên wêngi ||

30. sangunira kang pinangan sampun têlas | rinênggês tikus prapti | nulya enjangira | Sunan Kudus têngara | amêdali ing ajurit | barise aglar | ayun-ayunan jurit ||

31. lan barise wadyabala Majalêngka | senapatining jurit | Têrung Pêcattôndha | ngrèhakên pra dipatya | Radèn Gugur kang nindhihi | Ki Gajahmada | ingkang among prajurit ||

32. Sunan Kudus parentah pêthi kinirab | sangking Plembang wus mijil | tawon dhas awêndran | gumludhug ing awiyat | mêndhung dhêdhêt awor riris | mêsês kang barat | mulêg lesus nampêki ||

33. sindhung riwut siwat-siwut awor barat | tawon ambyuk ngêbyuki | angêntupi ika | tan kêna sinawawa | samyabuh sakèhing jalmi | bêngêb rainya | bingung wong Majapait ||

34. ting balêsar kesahe tan wruh ing papan | pati-pati gagapi | sampun sirna gêmpang | barit[16] ing Majalêngka | kocapa wau narpati | Sri Brawijaya | miyat lamun kang abdi ||

35. sirnanira pinarag dening ampuhan | mêmpên [mêmpê...]

--- 14 ---

[...n] sri narapati | sarupaning lawang | prasamya kinuncenan | nulya muja sri bupati | marang ing dewa | kang wangkingan sawiji ||

36. Kyai Kalamunyêng mêdal sangking wadhah | mubêng jabaning kori | mangkana wong Islam | sarêng mungsuhe dhadhal | kadhaton kinêpung kikis | prasamya mêrpak | lawang sami kinunci ||

37. kang prajurit prasamya ngrangsang bata |[17] Ki Kalamunyêng aglis | nrajang mungsuh sura | kang samya ngrangsang bata | ting gadêbug dèn sundêpi | ewon kang pêjah | tan wruh sangkaning pati ||

38. sampun katur marang senapatinira | Sunan Kudus prihatin | angaturi nulya | Sunan Giri gya prapta | lan sakèhe para wali | sumôngga karsa | kawula tan kadugi ||

39. kang prajurit Islam samya kathah pêjah | tatune sami kêris | tanpa pinarjaya | samya tatu sadaya | ngandika Susunan Giri | jêbèng manira | iku kang duwe kardi ||

40. sakathahe pra wali lan pra ngulama | padha milua mami | marang pinggir bata | sapurining[18] kadhatyan | wus dhèrèk kang para wali | prapta susunan | angadêg adan sami ||

41. ing nalika adan Kalamunyêng nrajang | maju-maju kabalik | nglèprèh ibêrira | satêngahe ing adan | kang pra wali aningali | kêris kang prapta | cumlorot kadya thathit ||

42. pan lêligan kang dhuwung kêbat acukat | mêndarang dhapurnèki | wruh yèn kamanungsan | kang dhuwung nulya kesah | wangsul mring gènira lami | Sang Brawijaya | dènnya muja sêmadi ||

43. datan kêna jinaluk mustikanira | Islam ingkang gumanti | alam [ala...]

--- 15 ---

[...m] tang[19] linakyan | putra wus gama Islam | anulya mekrat sang aji | lan wadya kang prak | garwa tinilar puri ||

44. ingkang nama Ratu Dwarawati Cêmpa | nulya kang para wali | lumêbêt ing pura | naranata tan ana | sawadyane sirna ênting | èstri lan priya | mung kari nini-nini ||

45. sampun katur tinakonan saurira | lan Ratu Dwarati |[20] samya ajrih nyêlak | dunya brana gumêlar | tan ingopèn para wali | amung kêndhaga | ingkang dipun ungkabi ||

46. isi dhuwung lêligan akuthah êrah | sarunganira sandhing | wus katur susunan | kang dhuwung gya cinandhak | sinarungakên tumuli | malih ambukak | glêdhêg nginggil pribadi ||

47. isi dhuwung kêkalih ing wastanira | Ki Sangkêlat satunggil | lan Ki Mesadular |[21] wus winangking Jêng Sunan | Giri dhuwung tiga sami | ingagêm samya | gya sunan amanggihi ||

48. marang Ratu Dwarawati paran karsa- | nya ing ratu nauri | dhuh Giri putwèngwang | manira pan wus tuwa | parakna mring Ngampèlgadhing | sigra jinolang | prajurit Islam ngiring ||

49. Sunan Kudus tinimbalan sampun prapta | jêbèng sira kang dadi | senapatining prang | srah isining kadhatyan | dunya brana gumlar sami | wajibe sira | barana kang duwèni ||

50. ingsun mundur lan para wali sadaya | amasanggrahan sami | risaksana budhal | pra wali masanggrahan | Sunan Kudus prapta aglis | kang wadya Islam | angrêrayahi sami ||

51. sawusira rêsik dunya jroning pura | Sunan Kudus gya mijil | marang pasanggrahan | wong Islam [I...]

--- 16 ---

[...slam] wus bubaran | sirna ilang kartèng bumi |[22] sêngkalanira | dub[23] bêdhah Majapait ||

52. dalunira Jêng Sunan Giri tumêdhak | mring pasanggrahan siwi | Sunan Kudus ingkang | minôngka senapatya | Sunan Giri ngandika ris | jêbèng aturna | iki dhuwung kêkalih ||

53. Ki Sangkêlat kalawan Ki Mesanular | waris kraton darbèni | mring Dipati Dêmak | Ki Kalamunyêng iya | sun rawatane nèng Giri | pan kêris setan | dimène mari dhingin ||

54. ingsun mulih mring Giri sakancaningwang | sakèhe para wali | yèn wus karyanira | nêlukkên Pêcattôndha | kang mêmpên sarya bêbiting | samangsanira | mulih ingsun barêngi ||

55. matur nêmbah Sunan Kudus mring kang rama | sakarsa anjurungi | nulya siyangira | Sunan Giri budhalan | sakancane para wali | ing dalêm prapta | sêkar gambuh gumanti ||

3. Gambuh

1. kocap Susunan Kudus | angandika mring pra dipatya gung | kang wus Islam padha nêlukêna sami | mring sakèh dipatinipun | ing Majapait kang lolos ||

2. lumaywèng kalah pupuh | kalumpukna kang tan gêlêm têluk | patènana boyongên rabinirèki | jarahên sadonyanipun | aywana wêdi pakewoh ||

3. dene Dipati Têrung | kang amêmpên nèng bêbitingipun | sun ijène tandhing padha senapati | Dipatine Surèngkewuh | mangetan nêlukna kang wong ||

4. Tandhês Blambanganipun | Adipati Madura puniku | lan Sumênêp Balega iya dipati | urut [uru...]

--- 17 ---

[...t] pasisir sadarum | dèn têlukna sapangulon ||

5. padha mêtua nglaut | Adipati Pranaraga iku | nêlukêna Madiun lan Jagaragi | Jipang ing saurutipun | Garobogan sapangulon ||

6. Pêngging dipatinipun | Dayaningrat sasat kadya ratu | apan akèh rerehanira dipati | Kêdhu Bagêlèn Mataun | Banyumas Nglêdhok lan Gowong ||

7. pra dipatya wotsantun | nulya sami bodholan sadarum | rêbut paran wau kang para dipati | ana mangetan mangidul | mangulon lawan mangalor ||

8. kang dhèrèk Sunan Kudus | kang kari Islam Tuban Sidayu | sapangilèn andhêge Carêbon Têgil | Têlukan anyar sadarum | wong Majapait kumroyok ||

9. sakiwa têngênipun | Srêngat Blitar Kadhiri lan Nganjuk | maksih gabag pasanggrahanira sami | mangkana Susunan Kudus | lan santri pêpitu miyos ||

10. nyêlaki bètèngipun | wau sira dipati ing Têrung | pêngrasane kang jagi plataran sami | wong kêthèn yutan angêpung | balabar lir samodra rob ||

11. nuli ngaturan wêruh | marang wau Sang Dipati Têrung | lamun bètèng ing mangkya kinêpung kikis | saubêngipun akêmput | saking kathahing ponang wong ||

12. sigra Dipati Têrung | minggah bètèng pan lajêng andulu | sarêng miyat sumingêb panonirèki | sangking kèhira kang ngêpung | anulya tumurun gupoh ||

13. gunêm lan wadyanipun | tan kuwawa yèn mapaga pupuh | inggih saking kêkathahên mêngsahnèki [mêngsahnè...]

--- 18 ---

[...ki] | suwawi sami atêluk | rakamta[24] pyambak kang dados ||

14. ratuning baris Kudus | ngandika lon Sang Dipati Têrung | iya bênêr aturira iku sami | gya nurat sadadosipun | kang ulubalang kinongkon ||

15. ngaturkên suratipun | marang senapati Sunan Kudus | sampun mêdal caraka saking ing biting | lajêng tumamèng ing ngayun | Sunan Kudus ngandika lon ||

16. wong apa sira iku | dene têka anèng ngarsaningsun | atur sêmbah gusti kawula puniki | dutane Dipati Têrung | kang mêmpên jro ajrih miyos ||

17. angraos dosanipun | amba kinon tur surat pukulun | wus tinampan binuka ungêling tulis | kawula Dipati Têrung | atur pêjah gêsang ingong ||

18. têluk dhatêng sinuhun | kaatura anak rabi ulun | rajabrana wadya salêbêting biting | pan sadayanira konjuk | wajib kang mênang palugon ||

19. andarbèni sadarum | angandika Jêng Susunan Kudus | mring cundaka warahên si paman ugi | yèn têmên anggêpe mring sun | datan ana wali goroh ||

20. duwèni laku bujuk | nulya lèngsèr cundaka wotsantun | sampun prapta ulubalang jroning biting | lajêng tumama ing ngayun | sang dipati ngandika lon ||

21. kapriye ing lakumu | duta matur inggih sampun konjuk | surat tuwan binuka dipun tingali | timbalane dhatêng ulun | sing paman kalamun yêktos ||

22. inggal têmua ingsun | nora nana wali laku bujug | sarêng myarsa dipati bongkoki [bongko...]

--- 19 ---

[...ki] aglis | sakèhe gêgamanipun | saha wadyanira bodhol ||

23. sêksana wus apangguh | arsa nêmbah Sang Dipati Têrung | dyan cinandhak astane kinon alinggih | si paman arsa wotsantun | môngsa puruna ragèng ngong ||

24. sinêmbah ing wong sêpuh | lagi pintên ing tumindakipun | saking Cêmpa sun paman kalawan mami | dupèh nyedani ramèngsun | wus takdire dadi layon ||

25. balikan paman Têrung | amikira ingkang maksihipun | wus parentah Susunan Kudus mring abdi | wong Islam sadayanipun | arsa umantuka bodhol ||

26. angampirana ngusung | paseban pajêksan Majalangu | ingsun karya surambine kang masigid | ing Dêmak pajêksan patut | saksana wau binêdhol ||

27. sadayane wus ngusung | nulya mangkat Jêng Susunan Kudus | adipati ing Têrung pan datan kari | babêktan bongkokanipun | Sunan Giri myarsa bodhol ||

28. saking ing dalêmipun | sakancane pra wali sadarum | wus kapêthuk lan baris agêng ing margi | panggih lan Susunan Kudus | ing Dêmak anulya rawoh ||

29. panggih lawan Sinuhun | Benang lan Dipati Dêmak sampun | apadene lan Sunan ing Gunungjati | Sunan Kalijaga nêngguh | duk lungguh apan patêmon ||

30. Susunan Giri sampun | sêsalaman lawan kang Sinuhun | Benang lawan Susunan ing Gunungjati | Sunan Kali kapatipun | Dipati Dêmak agupoh ||

31. mring Sunan Giri ngujung | sawusira pra wali sadarum | sêsalaman nulya

--- 20 ---

Sunan Kudus aglis | mangaras suku angujung | mring Susunan Benang bukoh ||

32. gya mring Susunan Gunung- | jati lawan Sunan Kali sampun | wus satata sadayane sami linggih | umatur Susunan Kudus | dhumatêng sang maha yêktos ||

33. ing Benang kang Sinuhun | badan kawula inggih ingutus | kêkanthenan sakathahe para wali | ambêdhah ing Majalangu | sabêdhahipun sang katong ||

34. Brawijaya tan pangguh | mekhrat kalanira amba kêpung | yèn mijila tan wontên ingkang manggihi | musnanipun nèng kadhatun | kawula ubrês tan panggoh ||

35. nulya ngaturkên dhuwung | Sunan Kudus marang sang awiku | Ki Sangkêlat lawan Ki Mesanulari | ampeyanira pan agung | miwah ingkang waos-waos ||

36. Kalamunyêng pukulun | rinawatan nèng Giri pukulun | dimèn mantuk kang dhuwung ngudubilahi | dhuwung tanpa katon ngamuk | wong Islam kathah macethot ||

37. wus ginancar sadarum | wiwit dumugi wêkasanipun | panungkule Dipati Têrung puniki | sumôngga karsa pukulun | Sunan Benang ngandika lon ||

38. mring sang dipatya wau | ing Dêmak kinèn nampani dhuwung | Ki Sangkêlat kalawan Mesanulari | sak-ampeyane sadarum | kang dhuwung kalawan waos ||

39. lan jarahan sadarum | sira kang wajib darbe puniku | lan arinta Si Pêcattôndha puniki | karyanên santana ngayun | Têrung paringna kang lunggoh ||

40. wismakna Dêmak iku | têtêpa kaya nèng Majalangu | besuk Soma jêbèng miyosa [miyo...]

--- 21 ---

[...sa] tinangkil | ingsun adêgakên ratu | dèn samêkta sami katong ||

41. ana caraning ratu | panganggo lan upacaranipun | tilarane ramanira Majapait | kasaru wau karangwuh |[25] kang nêlukkên ngetan ngulon ||

42. tinimbalan sadarum | Dipati Mandura Surèngkewuh | ing Mêkasan Sumênêp lan Pranaragi | Balega anèng ing ngayun | ngaturkên têlukan kang wong ||

43. nulya bubaran wau | sami mondhok ing sadayanipun | praptèng dina Soma miyos sang dipati | wus karya paglaran ratu | sitinggil wus pêpak kang wong ||

44. pra wali kanan lungguh | atarapan pinarêkanipun | angandika Kangjêng Sunan Benang malih | sakèh kang seba sadarum | pirsakêna ujar ingong ||

45. Dipatya Dêmak iku | mangkya ingsun junjung dadya ratu | ngèstrènana sakèhe kang samya nangkil | Sultan Senapati Jimbun | Panêmbahan Blambang katong ||

46. dene pêpatihipun | wong têka Ngatasangin rinipun | Kyana Patih Mangkurat ingkang sêsiwi | Ki Wanapala wus mungguh | sumbaga prawira tanggon ||

47. pra wali donga sampun | nurbuwat kang ngamini gumuruh | wusiramin adhêdhaharan prasami | sawuse bubar sadarum | sri bupati angadhaton ||

48. mangkana kang winuwus | karsanira Jêng Susunan Kudus | ngambil krama putranira sang dipati | Pêcattôndha èstri ayu | pan ingucap kang patêmon ||

49. ginawanan bêndhe wus | mila ran Ki Macan yèn tinabuh | kadya macan angombang brangêngêng [brangêng...]

--- 22 ---

[...êng] muni | pra wali sadaya mantuk | mring tanah sawiyos-wiyos ||

50. wontên sêmpalan catur | kang dhinapur nanging dadya catur | bêbukane Ki Lêmahbang dadya wali | maksih Buda tapa gêntur | sakarsanira pan dados ||

51. molah-malèh kang wujud | mindha barang kang rêrupan putus | duk sêmana anyantri mring Sunan Giri | wus lawas tan olèh wuruk | maksih siningkur yèn têmon ||

52. Sunan Giri lan kaum | Ki Lêmahbang graita ing kalbu | nora talah slawase gêguru mami | angsal lakon awak ingsun | kèndêl tan ana miraos ||

53. ngrudatin sakêlangkung | nulya ana osike kang muncul | sakal ilang Ki Lêmahbang datan kèksi | arsa wruh jênênging ngèlmu | ngrumiyini dènnya manggon ||

54. nèng pamulanganipun | anyeluman tan ana kang wêruh | sapraptane pra wali lan para mukmin | tan ana kang aruh-aruh | tan wêruh sakèhing uwong ||

55. Jêng Sunan Giri rawuh | ningali Lêmahbang dadya lêmbut | nèng wurine ngandhaping pra wali mukmin | Lêmahbang pangrasanipun | tan wruh Sunan Jurudêmong ||

4. Jurudêmung

1. Jêng Sunan Giri pinarak | manggih ingkang samya rawuh | tan ngandika gêpok ngèlmu | kang èdi kang kak lyanira | sarta liriking pandulu | tansah maring kang nyeluman | Lêmahbang graitèng kalbu ||

2. baya wêruh Jêng Susunan | iya maring raganingsun | atur sêmbah nulya mundur | Ki Lêmahbang palarasan | ajrih isin mring sinuhun | nyiluman yèn kabrabehan [ka...]

--- 23 ---

[...brabehan] | kapriye ing akal ingsun ||

3. Susunan Giri ngandika | hèh sakèhe sanak ingsun | rêksikana[26] mandira gung | kang anèng têngahing wana | besuk Sênèn padha nglumpuk | ngrasakkên ngèlmu kang êkak | nèng wisma kèh drigamèngsun ||

4. ature sami sandika | wus bubaran samya mantuk | praptèng dina Somanipun | Ki Lêmahbang sarêng myarsa | ngrumiyini nèng jro kamu | tambining oyod jro lêmah | salin rupa cacing kalung ||

5. tan wujud wong Ki Lêmahbang | nulya Sunan Giri rawuh | ing ngisoring mandira gung | pra wali wus samya pêpak | gya sunan ngandika arum | amulangkên ngèlmu êkak | dununge sipat rongpuluh ||

6. sinurupkên anèng badan | loghate lan muradipun | gya pinisah panthanipun | napsiyah lawan salbiyah | mangani maknawiyahu | miwah istitna istikar | mula jamahe winuwus ||

7. mangani lan maknawiyah | wore lan martabat pitu | dunung nèng kakikènipun | tumrap minôngka pratôndha | êmpane nèng badan wujud | dudu iki dudu ika | iya iki iya iku ||

8. pangagone[27] kang wali kas | saèstu napsi wahdihu | sori khali lail lan wu | lohattolah rasakêna | lan murat yèn wis katêmu | lumuh krana dunyanira | doyan bungah karêm mungkur ||

9. yèn maksih ywa nganggo sira | mutahawilah ashadu | muta asita cinatur | itnangala anpusinna | wa wasabaha ngindannu | la ilaha ilahuwa | lohat murade katêmu ||

10. kang nganggo mukmin kang êkas |

--- 24 ---

wirangi ing Pangranipun | yèn tan mangkono ywa muncu | anganggo muta asitah | muta akirah dhinapur | wa ashadu lailaha | ilalah lawan ashadu ||

11. ana Mukhammadrallah |[28] lohate ya dèn katêmu | kang nganggo mukmin ngam iku | mutra rinasakkên dadya | katêlune iya dhaup | tunggal nêng sun lawan Allah | tunggal osik sun lan Rasul ||

12. nulya pra wali bubaran | Lêmahbang awor lan lêbu | wus lêga tyase angrungu | malih uwong kadya saban | pan tansah amuntir ngèlmu | wal kiyamulohatira | jumênêng Allah kang Agung ||

13. iya lawan dhèwèkira | ijab kiyase ginangsur | wus padha suraosipun | Lêmahbang kajabariyah | gonira nglakoni ngèlmu | sapraptane wismanira | ngadêg ing pamulangipun ||

14. wong Buda kang masuk Islam | samya winuruk ing ngèlmu | jumênêng lan dhèwèkipun | sabêdhahe Majalêngka | brêsotan sêntana rawuh | anyambat marang Lêmahbang | kang adoh sapasar rawuh ||

15. kang cêlak tan ana mirsa | yèn Lêmahbang dadya guru | lami-lami kawêntar wus | mring Susunan Giripura | parentah putusan gupuh | animbaling[29] Sèh Lêmahbang | caraka pan sampun pangguh ||

16. Sèh Lêmahbang angandika | ngandika marang Sinuhun | Ki Lêmahbang sauripun | môngsa gêlêma Lêmahbang | yèn tan lawan Allahipun | dèn inggal sira matura | utusan mantuk umatur ||

17. datan purun pun Lêmahbang | Sunan Giri ngandika rum | [...] |[30] | Ki Allah ya timbalana | kang utusan nulya wangsul [wang...]

--- 25 ---

[...sul] | panggih Ki Allah ngandikan | andika maring Sinuhun ||

18. Ki Lêmahbang saurira | Ki Allah tan bisa mlaku | yèn Ki Lêmahbang tan tumut | dèn enggal dika matura | duta cangkelak nus[31] mantuk | aturipun Sèh Lêmahbang | Ki Allah tan bisa mlaku ||

19. yèn tan lawan Ki Lêmahbang | angandika jêng sinuhun | iya timbalana gupuh | Ki Lêmahbang sarta Allah | caraka wangsul wus tundhuk | Ki Lêmahbang sarta Allah | dika ngandikan sinuhun ||

20. ngucap yèku kabênêran | nênimbali têmbungipun | nulya mangkat kalihipun | caraka lawan Lêmahbang | sapraptanira ing ngayun | ngandika lon jêng sinuhun | Lêmahbang pan ora tuhu ||

21. saujarira sun undang | bola-bali kaping têlu | Sèh Lêmahbang aturipun | yèn amba botên têmêna | pindho damêl eklasipun | yèn was-wasa dados tiwas | Sunan Giri ngandika rum ||

22. parentahing Hyang maringwang | sira pan kinèn angukum | Sèh Lêmahbang gya umatur | sakarsa dhatêng sumôngga | gya susuhunan narik dhuwung |[32] dyan ginoco jajanira | trus gigir rah kuning nyêmbur ||

23. niba pêjah Sèh Lêmahbang | arsa sinambut sumêbut | musna sarêng raganipun | sarwi nyuwara ing benjang | yèn ana jênênging ratu | Sunan Mangkurat abala | bacingah sun malês ukum ||

24. nak putu Giri sun rusak | Sunan Giri asru muwus | kang êmbuh-êmbuh cinatur | kabèh-kabèh karsaning Hyang | gadêbog sinabda sampun | dadya jisime Lêmahbang | ingadhêp wali sadarum ||

25. sabatira

--- 26 ---

kawan dasa | prapta samya nuwun labuh | pêjah marang gurunipun | Sèh Lêmahbang gilang-gilang | Sunan Giri ngandika rum | layon pêndhêmên awasna | sabat kang padharsa labuh ||

26. yèn ngraga suksma belaa | gya pinêndhêm wus ingurug | esuke manèh dhinudhuk | kang jisim bosok sadaya | gandanira amis arum | nulya malih ingurugan | pra sabat marak ing ngayun ||

27. Sunan Giri lon ngandika | mula ya wong patang puluh | mung gurunira kang kokum | sabat patang puluh bubar | ana mampir wismanipun | pawarta garwa Lêmahbang | lan saanak putunipun ||

28. Ni Lêmahbang jrit karuna | sêkala lajêng lumayu | weg-wegan prapta ing ngayun | pra wali pan maksih pêpak | nèng pinarag gènnya wau | prasamya apagunêman | Ni Lêmahbang awotsantun ||

29. milamba marêk ing tuwan | mila lakyamba linampus | inggih paran dosanipun | kawula tan suka lila | sakèhe kang para wiku | nuwun adil paukuman | Sunan Giri ngandika rum ||

30. Ni Lêmahbang wruhanira | pan ora matèni ingsun | marang lakinira iku | karêpe dhewe pan arsa | amunggah marang swarga gung | manira kinèn jongkongna | lah dêlêngên kae dhuwur ||

31. Ni Lêmahbang gya tumênga | kang langit bêdhah kadulu | pan katingal lakènipun | anèng kaswargan kêncana | ingayap widadarywa gung | nèng dhampar sêsotya mubyar | Ni Lêmahbang gya tumungkul ||

32. atur sêmbah mring susunan | inggih amba langkung nuwun | sampun miyat laki ulun |

--- 27 ---

anèng kaswargan kancana | kula gusti nuwun mantuk | wus linilan gya bubaran | sang para wali sadarum ||

33. gantya ingkang winursita | sakawone Dèn Mas Gugur | lajêng martapa nèng gunung | rawuh ing arga Dumilah | langkung dènira ginêntur | mrayayang datan katingal | jêjuluk Susunan Lawu ||

34. bisa ngambah ing gêgana | ngratoni lêlêmbut gunung | salêkêrira sadarum | kang darah Sri Brawijaya | kèh kabrasat tan winuwus | ana mring Giri dhepoknya | kocap Jurutaninipun ||

35. ngadêgkên tajug kawuryan | ngajêngakên lèpèn agung | mangkana ingkang winuwus | baya putih lami tapa | Sawangan jladri gènipun | anungsung nurut bêngawan | sarêng dumugi ing Butuh ||

36. nulya mêntas malih warna | manungsa kalangkung bagus | Bajul Sêngara ranipun | wira-wiri pinggir toya | nulya na wanodya ayu | anake Kiyaki[33] Bêtah | pan sarêng dulu-dinulu ||

37. kalihe samya kasmaran | anulya pinondhong gapyuk | binêkta ing wismanipun | gya sare apulangraras | sawusira pulang lulut | wêwêkase yayi poma | ywa dokok abahan dhuwur ||

38. èstri nyudakkên lêksana | angungkuli marang kakung | poma yayi dèn aemut | bok rara umatur sagah | angaras nulya umantuk | Bajul Sêngara nyiluman | kayangan bêngawan gêbyur ||

39. nênggih sabên dalu prapta | lan sang dyah cumbanèng lulut | lami-lami wawrat sampun | ya ta kiyai ing Bêtah | têtanya mring putranipun | sapa rowangira wawrat | tan [ta...]

--- 28 ---

[...n] wontên karsa Hyang Agung ||

40. Ki Butuh waspadèng tingal | wawratan yèn benjangipun | badhe nurunakên ratu | kang atmaja gya tinilar | maring pratapan gunung duk | wus sêpuh wawratan mêdal | miyos jalu warna bagus ||

41. tôngga têparone myarsa | yèn bok rara darbe sunu | samya jagongan yèn dalu | têngah wêngi abubaran | mung wong siji ingkang kantun | sapraptane puputira | sabên dalu maksih tunggu ||

42. mangkana wusing sapasar | bok rara pan ala nganggur | ngantih amusoni kapuk | sawusnya bêthut sinêlap | nèng nginggil panggenanipun | kang jagong tiyang satunggal | sarêng dalune winuwus ||

43. prapta kang jagong satunggal | sayah lungguh nulya turu | kungkulan likasan bêthut | anulya amalih baya | sarwi angandika arum | hèh yayi sira racuta | likasanira lan bêthut ||

44. ilang kasêktèn manira | de wus sun warah karuhun | ywa dokok dandananipun | nèng nginggil ngungkuli priya | sun titip nakira jalu | ranana Jaya[34] Sêngara | isun mring Sawangan mantuk ||

45. wus gêbyur ngèli bêngawan | sang dyah kalangkung gêgêtun | datan nyana lakinipun | sangsaya ing lama-lama | Jaka Sêngara akir wus | takèn pundi sudarmèngwang | anulya mangsit kang ibu ||

46. Jakasêngara duk myarsa | pamisike ibunipun | amerang kesah mring gunung | Marapi agêntur tapa | Côndragêni dhepokipun | kiwa têngên babing jurang | murwèng asmara manêkung ||

5. Asmaradana

1. kunêng gantya kang

--- 29 ---

winarni | sabêdhahe Majalêngka | katawur sasêntanane | waune anaking ajar | Salokatara ingkang | Tujungputih[35] dhepokipun | jalu kamantu narendra ||

2. Sukmalêngkara kang nami | anglabêti sayabara | marma kamantu sang katong | Brawijaya ping kalihnya | ran Prabu Nom Panular | Brawijaya kaping têlu | pan manjing dadya sêntana ||

3. marang tanah Sokawati | Dyan Bandung Suksmalêngkara | nèmpèli Kêdhung Srêngenge | padhepokan ngungkang toya | nama Kêbo Sahasah | tapanira langkung gêntur | manjing ajur-ajèr wignya ||

4. bisa amancala putri | bisa amancala putra | kalangkung sêkti gunane | nukmèng agal alit bisa | barang tapa linakyan | amarentah kèh lêlêmbut | dharat miwah jroning toya ||

5. pakarêmanirèng warih | sira Dyan Kêbo Sahasah | nulya dadya bajul putèh | ngadhaton dhasaring toya | Kêdhung Srêngenge ingkang | minôngka paglaranipun | yèn tinangkil wadyanira ||

6. sêmana Rahadèn Pêkik | dyan wau Kêbo Sahasah | kasmaran ing pawartane | putri Pêngging luwih endah | ayune tanpa sama | asor widadari nurun | nêdhêng birai sang rêtna ||

7. Kêbo Sahasah winarni | langkung kagiwang ing manah | arsa mring Pêngging sirage | lampahe awor maruta | tan kawarna ing marga | prapta ing Pêngging sang bagus | lajêng manjing jroning pura ||

8. tan ana ingkang udani | dènira alampah dhustha | sampun sêsilih namane | Rahadèn Suksmalêngkara | wus panggih lan sang rêtna | tyasira sang rêtna kenyut | pan sampun among

--- 30 ---

asmara ||

9. sabên-sabên dalu prapti | yèn siyang musnèng kayangan | langkung nyênyongah manahe | èstri priya samya brôngta | wau Rêtna Juwita | supe ing rama myang ibu | labête among turida ||

10. sêmana Sang Natèng Pêngging | Sri Makurung Dayaningrat | pinarak anèng dalême | alênggah lan garwanira | pramèswari sêmana | animbali putranipun | sang rêtna pan sampun prapta ||

11. dhasar putri ayu luwih | kasêmbuh asêmu brôngta | cahya ijo anglalêntrèh | mêpêg ingkang pasariran | jaja mlar mangkar-mangkar | kang rama graitèng kalbu | umiyat cahyaning putra ||

12. kadingarèn putra mami | cahya beda lawan saban | anglayung ijo warnane | pan mèmpêr pangantèn anyar | sêdhêng pinurwèng priya | kaya-kaya pandugèngsun | tinanyan môngsa ngakua ||

13. angandika sang dipati | babo nini putraningwang | mandhan rawa sira anggèr | owah saniskaranira | nini sira jarwaa | sang putri tyasnya kumêpyur | myarsa sabdane kang rama ||

14. punapa marma rama ji | ngandika ingkang mangkana | kang manah langkung kumêjot | kawula datan rumôngsa | darbea manah cidra | kang ibu nambungi wuwus | adhuh nini putraningwang ||

15. aywa sira kaduk tampi | ramanira iku uga | liwat sumêlang galihe | aningali marang sira | ing solah netyanira | tan eca raosing kalbu | manawa lara kasandhang ||

16. sang rêtna jêrit anangis | myarsa sabdane bunira | mundur mantuk mring dalême | sang dyah alara karuna | kagagas [ka...]

--- 31 ---

[...gagas] ing wardaya | dènnya nandhang brôngta wuyung | kacihna ing ibunira ||

17. angandika sang dipati | marang pramèswarinira | nimas ririhên putrane | ni putri datan prasaja | dadya ribêd tyas ingwang | pramèswari wus tumanduk | kang putra ingimur raras ||

18. sang putri pan maksih kumbi | ya ta wau kawarnaa | pan sampun dalu wayahe | Rahadèn Sukmalêngkara | prapta malêbèng pura | malumpat ing banon agung | tan ana tinaha ing tyas ||

19. wus dangu anèng ing jawi | sang putri lagya pinarak | kalawan para cèthine | kalangkung ingarsa-arsa | jênat norana prapta | dene kongsi têngah dalu | bisa gawe larasmara ||

20. lara pati sun andhêmi | labêtku trisna si jênat | dene cidra ing jangjine | kang êmas Suksmalêngkara | bisa agawe brôngta | si disambêra ing kupu | diparaga rara kênya ||

21. Dyan Suksmalêngkara angling | anèng jawi latah-latah | dhuh mas mirah ingsun anggèr | papagên pun kakang prapta | umarêk ing kusuma | tan bêtah anahên wuyung | mung gusti kang anèng netra ||

22. mung èsêmira mas gusti | kang sun tuku tatu jaja | pun kakang tur pralayane | wus jumênêng sang kusuma | Radèn Suksmalêngkara | sang rêtna ingêmban sampun | binêkta marang paprêman ||

23. rinungrum kidung kakawin | Palugon lan Kuswaraga | Sinom Kênya Kadhirine | sinêlan Gôndakusuma | dhuh mirah jiwaningwang | kang asih ing dasihipun | intêne Suksmalêngkara ||

24. sang rêtna pinongah-pangih | pan sampun pulang asmara | nahên brôngta sakalihe [sakali...]

--- 32 ---

[...he] | angucap Suksmalêngkara | yayi mas mirah ingwang | aja sumêlang ing kalbu | sun labuhi lara pêjah ||

25. nadyan kawêntara gusti | pan ingsun môngsa susaha | sapa bisa nyêkêl mring ngong | sun bisa angraga suksma | ajur-ajèr tan kewran | sêmana pan sampun nutug | dènnya samya sih-sinihan ||

26. nêngêna kang pulangrêsmi | warnanên sang adipatya | animbali kawulane | kêkalih andêling karya | Rahadèn Pangalasan | lan Rahadèn Surônggèku | kinèn jêjêp jroning pura ||

27. sira sang prawira kalih | maripit pinggiring bata | prasamya prayitnèng kewoh | gêgaman tamsir lan pêdhang | prawira kalihira | Pangalasan wus tumanduk | tan pisah lan Dyan Surôngga ||

28. sinambêran ing kêkolik | têtuhu kalawan têkak | gantêr-gantêr panambêre | graita Dyan Pangalasan | lawan Radèn Surôngga | prasamya prayitnèng kewuh | wus kèdêran jroning pura ||

29. ing kaputrèn dèn jêjêpi | tan ana swaraning jalma | ing dalême sang lir sinom | swarane lir wong carita | araras kapiyarsa | swara myang gônda mrik arum | wus nyakra kalêbon dhustha ||

30. winarna kang andon rêsmi | myarsa kalêsiking jaba | ing lingsir dalu wayahe | Rahadèn Suksmalêngkara | lèngsèr sangking paprêman | Suksmalêngkara pan sampun | mêdal kori bêbutulan ||

31. Dyan Surôngga wus miranti | kapêthuk lan duratmaka | sigra dènnya atêtakon | hèh jalma ing ngêndi sira | dalu anèng jro pura | Suksmalêngkara [Suksmalêng...]

--- 33 ---

[...kara] amuwus | lah iya wong kêmit ingwang ||

32. pan arsa angambil gêni | manira kapatèn damar | Radèn Surôngga wuwuse | swarane kaya si kakang | Ki Arya Pangalasan | sang duratmaka amuwus | iya ingsun Pangalasan ||

33. Surôngga angucap malih | kaya swarane adhimas | Rôngga Suwônda swarane | ya ingsun Rôngga Suwônda | Surôngga sru angucap | kaya Si Surôngga iku | ya ingsun Radèn Surôngga ||

34. sirèku jatining maling | Suksmalêngkara angucap | ya ingsun maling piyanggon | Radèn Surôngga narajang | duratmaka malumpat | wus alok kalêbon pandung | Suksmalêngkara narajang ||

35. Pangalasan anadhahi | pinêdhang kang duratmaka | awanti-wanti malèsèd | aramya candhak-cinandhak | lan Radèn Pangalasan | agênti suduk-sinuduk | tan ana pasah ing braja ||

36. Dyan Surôngga anulungi | trêngginas Suksmalêngkara | lan Surôngga gênti goco | ingkang pandung kinalihan | rame abôndayuda | pêdhang tangkis salin suduk | tan ana samya mundura ||

6. Durma

1. Pangalasan asru dènira angucap | dèn tanggon sira maling | arsa ngayonana | prajurit Pêngging iya | sira tan atuku warti | yèn Pêngalasan | êlase wong ing Pêngging ||

2. anarajang Suksmalêngkara cinandhak | sigra binuwang aglis | sigra malês nyandhak | Pangalasan binuwang | Surôngga narajang aglis | buwang-binuwang | sayah

--- 34 ---

kèh jalma prapti ||

3. pan gumuruh obore kadya raina | wus katur Sang Dipati | Pêngging langkung duka | pandung kinèn nyêkêla | mring Pangalasan lan malih | Radèn Surôngga | dèn kacêkêl kang maling ||

4. Pangalasan kalawan kang duratmaka | rame banting-binanting | pan dugang-dinugang | rosa sêndhal-sinêndhal | wadya kathah angêbyuki | Suksmalêngkara | wus musna tan kaèksi ||

5. sakalangkung cuwa Radèn Pangalasan | ilange ponang maling | wus katur sêmana | marang Sang Adipatya | Andayaningrat sinipi | ing dukanira | kinon angêpung puri ||

6. sabên dalu kadhaton pan tinuguran | miwah sajroning puri | lor kidul lok samya | amburu duratmaka | wus musna kang wetan nuli | lok duratmaka | kulon pan alok maling ||

7. pan sadalu alok buru duratmaka | wêkasan tanna yêkti | wignya warni papat | wau Suksmalêngkara | kewran sagunging kang kêmit | para prawira | manahe samya wingwrin ||

8. sabên dalu kang kêmit kadya mangkana | sawênèh wadya kêmit | ana linerongan | angus lan awu ika | ana cinukur kang alis | babrêngosira | pan cinukur sasisih ||

9. kang sawênèh ana cinukur marapat | sarêng samya pêpanggih | pan sarêng kumpulnya | guyu-ginuyu samya | tan ngrasa warninirèki | ingkang ginuyyan | sêmana tan winarni ||

10. langkung duka Dipati Andayaningrat | sagung wadya ing Pêngging | samya ingundhangan | kinèn amardiguna | anyêkêla maling sêkti | kang saba pura | agung

--- 35 ---

ganjarannèki ||

11. Kiya Patih Logêndèr sampun dinuta | kinèn ngupaya jalmi | ingkang sumanggupa | nyêkêl maling aguna | sun ganjar rabia putri | lawan nagara | sasigar nagri Pêngging ||

12. lan sun karya Prabu Anom tur kuwasa | angrèh nagara Pêngging | wis patih mentara | ywa mulih-mulih sira | cekoh regoh anyakêthi | yèn tan angsala | kang saguh nyêkêl maling ||

13. Kiya Patih Logêndèr sigra tur sêmbah | lèngsèr saking ngarsa ji | tan mampir ing wisma | lampahe tanpa rowang | jajah desa milangkori | jalak paningal | ngêbo latu sirèki ||

14. manjing wana jurang wêrit ing ancala | têkaping waudadi | sumêngkèng aldaka | manggihi ajar-ajar | puthut manguyu lan cantrik | miwah jêjanggan | sami pinardèng budi ||

15. ênêngêna ki patih ing lampahira | gantya ingkang winarni | ingkang mara tapa | wau Jaka Sêngara | kang dhepok ing Côndragêni | kapit ing jurang | ayom kang têrbis-trêbis ||

16. langkung simpar tan ana jalma uninga | nutug dènnya martapi | sakèhing atapa | pan sampun linampahan | gêniara dèn lampahi | ambanyuara | gêntur dènnya atapi ||

17. duk samana Ki Jaka lagya mêmuja | ana swara kapyarsi | yèn sirarsa mulya | hèh ta sira Sêngara | sira turunana kaki | marang ing praja | sakiki ana kardi ||

18. Ratu Pêngging Dipati Andayaningrat | lagya mangun wiyadi | ana ing jro pura | kalêbon duratmaka | kalangkung sêkti kang maling | pangendrajala | karti sampeka wêgig [wê...]

--- 36 ---

[...gig] ||

19. wong ing Pêngging tan ana kang sumanggupa | anyêkêl ponang maling | agampang kewala | lah sira sanggupana | iku kang minôngka margi | kamulyanira | sêmana wus winangsit ||

20. wus winêjang wau Ki Jaka Sêngara | sapratingkahe sami | kawitan têngahan | dumugi ing wêkasan | aja sumêlang ing ati | wus tinarima | panêdhanirèng Widhi ||

21. ingkang swara wus musna tan kapiyarsa | Ki Jaka wus patitis | akari anggana | lênglênging tyas Ka[36] Jaka | pêpungun raosing kapti | èsthining manah | kagêgêm ngasta ugi ||

22. ênêngêna Ki Jaka kang winursita | lampahe Ki Apatih | Logêndèr sêmana | saparane kalunta | dilalah ngidêri ardi | Mrapi wus prapta | dhepok ing Côndragêni ||

23. lir tinêdahkên ing Hyang rêkyana patya | sêmana wus apanggih | kalawan Ki Jaka | Sêngara wus ngancaran | binagèkakên kang prapti | tigas kawuryan | ing wingking saking pundi ||

24. inggih ngajêng ing pundi ingkang sinêdya | sintên sinambat ing sih | ki patih ris nabda | wingking anggèr kawula | patihe Sang Ratu Pêngging | Andayaningrat | Logêndèr wasta mami ||

25. sang atapa Jaka Sêngara lingira | mila mariki patih | tiyang awibawa | têmahan marang sunya | bapa luwe wong nèng wukir | rêkyana patya | lingira rum mêmanis ||

26. sêdyaningwang ingutus sri naranata | Adipati ing Pêngging | angulati jalma | kang sagêd ngulapana | kalilipe Natèng Pêngging | kalêbon dhustha | kalangkung dening sêkti ||

27. salamine ulun anjajah pradesan |

--- 37 ---

tan wontên mrayogèni | mung anggèr prayoga | kêncênge ing wardaya | Ki Jaka aris nauri | wagêd punapa | tiyang wirangrong wukir ||

28. Ki Apatih Logêndèr muwus ngrarêpa | tan wontên yogya malih | liyane andika | anggèr atêtulunga | wus kaèsthi ing tyas mami | gèr kuningana | patêmbayaning Pêngging ||

29. sintên-sintên ingkang sagêd anyêpênga | pandung ingkang sinêkti | andhusthèng asmara | wontên sajroning pura | agung ganjaraning aji | pan katariman | putri dadya dipati ||

30. kang sêpalih ing Pêngging dadya ganjaran | yèn sêmbada ing kapti | lêhêng tulungana | nata kalangkung tikbra | Ki Jaka mênêng tan angling | tigang pandurat | nyeluman tan kaèksi ||

31. sawusira mangkana aris angucap | inggih paman apatih | manira lumampah | nanging bêgjaning nata | kawula darmi nglampahi | pan samya titah | ingkang sinêdyèng kapti ||

32. ki apatih kalangkung suka tyasira | rumaos antuk kardi | ing salampahira | kya patih gya wisata | lan Dyan Jaka kang martapi | sampun binêkta | sami tumurun ngardi ||

33. tan kawarna lampahe Jaka Sêngara | kalawan ki apatih | ing Pêngging wus prapta | lajêng malêbèng pura | sowan marang sang dipati | patih tur sêmbah | amba sampun tinuding ||

34. jajah desa ngupadosi ingkang sagah | anyêpêng punang maling | kang asaba pura | kang sêkti môndraguna | inggih kawula amanggih | bêgja paduka | punika katur gusti ||

35. pandhita nom anama Jaka Sêngara | tanpa yayah lan bibi | nistha dama lola |

--- 38 ---

sagah dèrèng kantênan | kawula ngantun nèng jawi | nata ngandika | timbalana mring ngarsi ||

36. kae Jaka sêmana wus tinimbalan | praptèng ngarsa dipati | abukuh silanya | muka konjêm pratala | ngandika sang adipati | dhuh putraningwang | bagea sira prapti ||

37. matur nuwun manêmbah Jaka Sêngara | nèng mastaka kapundhi | sang dipati nabda | nak ingsun kae Jaka | ilangna kalilip mami | cabar pun bapa | dene nyandhi wiyadi ||

38. lah cêkêlên maling kang saba ing pura | Ki Jaka atur bêkti | pukulun sandika | inggih darmi kawula | nglampahi sabdaning gusti | sapolah tingkah | jêng gusti kang darbèni ||

39. wus ta kulup sira age tumanduka | kalawan sira patih | sira ngatêrêna | apa rèhe Si Jaka | sira ingkang angladèni | kalih tur sêmbah | anulya mentar aglis ||

40. duk samana sampun surup Sang Hyang Arka | kawarnaa ing latri | Ki Jaka Sêngara | sampun midêr ing pura | kalawan rêkyana patih | wadya sadaya | kinèn ngampingi jawi ||

41. wus angrakit anjêjêp Jaka Sêngara | ing dalême sang putri | ya ta kawarnaa | Radèn Sukmalêngkara | kang andon sajroning puri | lagya kalihan | lênggah lawan sang putri ||

42. sang rêtnayu alon wijiling wacana | kangmas paran kang kapti | anggung makatêna | tansah duka jêng rama | tan wande yèn ingsun mati | Sukmalêngkara | mèsêm dènira angling ||

43. dhuh kusuma mas mirah gèn sun mêmuja | sun labuh lara pati | awora lan kisma | gusti kuwandaningwang | tan sêdya gingsir ing jangji | kawulanira | anggèr tumêkèng akir ||

--- 39 ---

44. sang dyah angling kangmas punapa karannya | duk kacêkêl ing nguni | ilang tanpa krana | lah ingsun jarwanana | enake tyas ingsun ugi | Sukmanglêngkara | gumujêng sarwi angling ||

45. dhuh mas mirah aja sira walangdriya | nadyan matia mami | ping pitu sadina | lamun tibèng bantala | lawan katetesan warih | amêsthi gêsang | dèn èngêt sira gusti ||

46. amung iya mas mirah wawêkas ingwang | nyandhinga toya kêndhi | gênthong lawan kulah | ajana kongsi kurang | iku kadigdayan mami | sira wêruha | pangurip ngong yèn mati ||

47. lan maninge dandanane wong wanita | ayyana angungkuli | marang ing wong priya | angapêsake jaya | dèn rawatana kang têbih | aja sumêlap | anèng luhuran sami ||

48. kawarnaa wau Ki Jaka Sêngara | wus dangu ngintip-intip | wus malêbèng wisma | tan ana kang uninga | Ki Jaka nulya mrêpêki | Sukmanglêngkara | kupingira jiniwir ||

49. kagèt jola Rahadèn Sukmanglêngkara | sapa anjiwir kuping | kaliwat dêgsura | mojar Jaka Sêngara | hèh iya dêgsura mami | ingsun wong arga | anumbak tambuh maling ||

50. gêlêm nora gêlêma sun cêkêl sira | ngong bônda sira mangkin | Dyan Sukmalêngkara | sigra narik curiga | nulya anarajang wani | Jaka Sêngara | prayitna anadhahi ||

51. wanti-wanti anyuduk Sukmalêngkara | nanging tan anêdhasi | asalin curiga | saksana tan tumama | sayah dènira nyuduki | ukiran pêcah | asta bang ngêmu gêtih ||

52. lah malêsa anyuduk [anyudu...]

--- 40 ---

[...k] Jaka Sêngara | payo ingsun tadhahi | agantya nyuriga | padha wong sêkti guna | Jaka Sêngara nauri | lah tutugêna | budinira dèn ênting ||

53. yèn wus êntèk budimu sun cêkêl sira | pasthi ingsun talèni | katur mring sang nata | bangsat sira nututa | sang dhustha tinubruk aglis | Sukmalêngkara | trangginas angoncati ||

54. wus lumajêng binujung saparanira | sayah akêmpis-kêmpis | mèh thithik kacandhak | malêbèng ing balumbang | wus musna datan kaèksi | Jaka Sêngara | wau kecalan lari ||

55. ki apatih karsa atêtulung sigra | Ki Jaka wus apanggih | kalawan ki patya | mojar maling wus ilang | malêbèng sajroning warih | inggal matura | ki patih mring sang aji ||

56. sakathahe sêgaran tuwin balumbang | sumur kulah lan kali | kabèh dèn êsata | lêlarèn kang mring pura | miwah gênthong lawan kêndhi | kothongna samya | sun cêkêle si maling ||

57. ki apatih sampun undhang-undhang wadya | sarupane kang warih | kinèn ngêsatana | ing sadalu punika | sigra ingêsatan sami | sakèhing toya | Jaka Sêngara aglis ||

58. wus waspada ênggène kang duratmaka | manjing sêngkang sang putri | wus katur sang nata | pan sampun linilanan | Jaka Sêngara mrak aglis | aminta sêngkang | sang putri sru anangis ||

59. duratmaka wus mêdal sangking ing sêngkang | nulya lumayu aglis | wus binujung sigra | saparan tinututan | sayah angucali warih | sat sadayanya | pura tan ana warih ||

60. kasayahên wau ki maling aguna | manjing kêndhiting putri |

--- 41 ---

anèng pasarean | kewran Jaka Sêngara | arêmbag lawan ki patih | angumpulêna | sakèh dandanan èstri ||

61. bêthut kisi jôntra kalawan likasan | sinêlapêna sami | saluhuring lawang | lan luhur pasarean | saksana para pewastri |[37] kinèn tumandang | anyêlapêna sami ||

62. wus kawratan dalême dyah kasêlapan | bêbêthut lawan kisi | tanapi likasan | anèng luhur paprêman | Dyan Sukmalêngkara nênggih | sampun kongkulan | babêthut lawan kisi ||

63. duratmaka wus ilang kasêktènira | pan dadya baya putih | anèng pasarean | kagyat rêtna juwita | yèn kang raka malih warni | sigra lumajar | sarwi atawan tangis ||

64. dyan sumungkêm ing padanira kang rama | lara-lara anangis | kang ibu tumulya | anglut milu karuna | sêsambate mêlasasih | amêgap-mêgap | pramèswari lan siwi ||

65. Sang Dipati Pêngging langkung dukanira | tan etang putra siji | arsa pinêjahan | dene akarya wirang | gawe lêtuhing nagari | dhuh-adhuh iya | tan kaya anak mami ||

66. dangu-dangu lilih dukane sang nata | èngêt putra satunggil | tan ana tunggilnya | mila dinama-dama | mangke karya wirang isin | ciptaning driya | wus karsaning Hyang Widhi ||

67. baya putih wus kinèn ngrampog ing kathah | sigra punggawa mantri | samya manjing pura | lawan sawadyanira | angagêm tumbak lan bêdhil | prajurit sigra | tumandang angêbyuki ||

68. tinumbakan tibane datan tumama | mung wirangira kèksi | sira bajul pêthak | wus mêdal [mêda...]

--- 42 ---

[...l] binêdhilan | akudhung kampuhirèki | jingga pinrada | saparan dèn bêdhili ||

69. kang kamargan samya anglut milwa ngoyak | anumbak ambêdhili | tan ana tumama | bajul tan nêdya bôngga | saking wirange tan sipi | mulat ing jalma | lampahira wus prapti ||

70. ambyur Kêdhung Srêngenge sang bajul pêthak | umyung swaraning tangis | sadhasaring toya | ombaknya kêdhung molah | wus mundur wadya ing Pêngging | kang kawarnaa | Sang Adipati Pêngging ||

71. tinêtêpan jangji lan Jaka Sêngara | wus tinrimanan putri | ginanjar sasigar | Pêngging nama dipatya | saklangkung asihirèki | ginadhang-gadhang | gumanti nagri Pêngging ||

72. pan sinigêg gêntia ingkang kocapa | putra ing Majapait | kang tapa nèng Pilang | kalih atmajanira | pambajêng jalu kang nami | Ki Prêgiwôngsa | marang ing Dêmak ngabdi ||

73. wuragile èstri sampun palakrama | pagêdhongan kang siwi | Ki Buyut pêparab | wisma pinggir bêngwan |[38] dhêkahe kawuryan kèksi | alul atapa | nglampahkên gama suci ||

74. gantya malih Dayaningrat Pêngging seda | kang mantu anggêntèni | Adipati Mayang | nama Andayaningrat | sumiwèng Dêmak nagari | pan sabên warsa | ngaturkên bulubêkti ||

75. lama-lama Andayaningrat pêputra | samya jalu kêkalih | kang sêpuh ingaran | Dyan Kêbo Kanigara | arine bagus rêspati | ngèlmine limpad | Kêbo Kênonga nami ||

76. putra kalih pan samya bèncèng karsanya | dene ingkang agami | Kêbo Kanigara | ngurêbi ngèlmu Buda | Kêbo [Kê...]

--- 43 ---

[...bo] Kênonga ngantêpi | agami Islam | mantêp agami suci ||

77. Kêbo Kanigara wus kesah martapa | anèng Rêbabu ardi | nênggih ing Pantaran | Dipatyèng Pêngging kocap | Andayaningrat wus lalis | sasedanira | putranira gumanti ||

78. Radèn Kêbo Kênonga kang angsal wênang | saking Dêmak nagari | mantêp agamanya | angsal keblating Suksma | anut tabiyating Nabi | sawadyanira | jalma ing Pêngging sami ||

79. wadyabala samya jrih asih sadaya | tanna suwalèng kapti | saking arjanira | ing Pêngging duk sêmana | bêranah kang kêbo sami | aglar pangonan | kadya sinom pêngrawit ||

7. Sinom

1. nadyan kathah pra dipatya | tan wontên kadya ing Pêngging | pêparentah ing ngamônca | nagari karèh ing Pêngging | sangsaya lami-lami | Ki Agêng Pêngging kramantuk | saking Bêtah wanodya | warnane ayu rêspati | langkung atut dènira apalakrama ||

2. Ki Agêng Kêbo Kênonga | ngèlmune kang dèn sungkêmi | wêwuruke Sèh Lêmahbang | sarêng lan Ki Agêng Tingkir | maguru Sèh Sitibrit | anggêpe samya arukun | lir tunggil yayah rena | rujuking tyas golong pikir | sakalihan tan ana rasa-rumasa ||

3. lair batinira trêsna | ing awal tumêkèng akir | sênêng parêng saduluran | datan salaya ing kapti | dhasar gurune nunggil | sêsarêngan gènnya mangsuk | mring Pangran Sitijênar | mila sungkêmira sami | tan sumêlang ing dunya praptèng akerat ||

4. padhukuhan ardi Purwa | dhepoke Ki Agêng Tingkir | Ki

--- 44 ---

Agêng kalangkung êkas | ngibadahe rina wêngi | tapa matèni ragi | tan ngangge ngrasani iku | kanugrahan kamulyan | sokur rêna mring Hyang Widhi | panêkunge tan ana sumêlangira ||

5. kunêng ingkang winursita | Jêng Sultan Bintara Aji | sampun amiyarsa warta | solahe Ki Agêng Pêngging | sultan waspadèng ghaib | sakarsane Pêngging iku | kacakup marang Sultan | ratwagung prasasat wali | grahitane ngrênggani ing Pêngging benjang ||

6. mring nata gya tinimbalan | mantri kêkalih tinuding | kang kinon nêmbah saksana | wus mêsat mantri kêkalih | sawadyanira ngiring | datan kawarna ing ênu | lampahe murang marga | kapungkur Dêmak nagari | gêgancangan siyang dalu pan lumampah ||

7. datan kawarna ing marga | duta wus prapta ing Pêngging | wus cundhuk ponang caraka | kalawan Ki Agêng Pêngging | caraka matur aris | ulun ingutus sang prabu | andika tinimbalan | dhatêng ing Dêmak nagari | kairida sarêng salampah kawula ||

8. Ki Agêng Pêngging lingira | wong punapa awak mami | tinimbalan mring sang nata | pelag punapa wong santri | ngandikaning narpati | môngsa wruha basanipun | hèh caraka ing Dêmak | matura marang sang aji | sakalangkung nuwun duka paramarta ||

9. wus mundur caraka Dêmak | tan antuk dènnya nimbali | wau ta ingkang winarna | nênggih Kyai Agêng Tingkir | sampun miyarsa warti | yèn kang rayi Pêngging iku | tinimbalan mring Dêmak | Ki Agêng Tingkir mring Pêngging | sampun panggih lawan Ki Agêng Kênonga ||

10. wus tata samya lênggah |[39] ngandika Ki Gêdhe [Gê...]

--- 45 ---

[...dhe] Tingkir | yayi sira tinimbalan | marang Sang Prabu Ngawanti | apadene ta yayi | pagene nora lumaku | ingkang rayi anêmbah | punapa damêle ugi | wong malarat tinimbalan mring narendra ||

11. Kyai Gêdhe Ngardipurwa | pangandikanira aris | yayi pagene ta sira | mopo timbalaning aji | iya apa sirèki | nora kabawah ing ratu | lêmah kang sira ambah | saisine tanah Jawi | apan iya duwèke kang dadi nata ||

12. kang rayi alon turira | Allah kang adarbe bumi | kadar ta ngangkah punapa | wong dhêdhukuh dèn timbali | angling Ki Agêng Tingkir | aja wangkot ing pakewuh | ywa ta tampani lômba | aywa agêgampang pikir | pakewuhe para yayi ulatana ||

13. yayi mungguh kaya sira | lir kalênthing wadhah mangsin | ambune pan maksih ana | sira buyuting narpati | ratu ing Pajang Pêngging | pan tabête durung alum | ratu agung prakosa | katutuh ramanirèki | ki dipati pinèt mantu Brawijaya ||

14. lah ta yayi kayangapa | sira angringkês prakawis | tinimbalan marang nata | manawa silih udani | yèn pamanira yêkti | arine ibunirèku | manawa parimarma | iku wong dadi narpati | duwe plunan anèng desa ing ngadesa ||

15. bêcik sira lumakua | ingsun ingkang atut wuri | môngsa tegaa mring sira | pakewuhe sun calangi | kang rayi matur aris | kados botên sapuniku | kakang bara tan bara | mendah wong dadi narpati | emut [emu...]

--- 46 ---

[...t] marang ing sanak lambung kasihan ||

16. yayi yèn pinindho sira | tinimbalan mring narpati | kayangapa akalira | kang rayi umatur aris | inggih wontên punapi | amêksa wong botên purun | kang raka sru ngandika | yayi apan wong aurip | yèn amogok tinimbalan mring sang nata ||

17. apan iya wong punapa | sisan angadêgna baris | aja tanggung ing pratingkah | aywa sira mungal-mungil | manawa olih jail | têmah katail sirèku | wong jawal ala begal | ngakali melik sathithik | ingkang pinrih pakandêlan wong ngawula ||

18. kang rayi gumujêng suka | kakang tuwan pindho kardi | paduka mêrangi tatal | bilai lara lan pati | sintên ingkang darbèni | apan kagungan Hyang Agung | sadèrènge wontên badan |[40] pêpasthèn ginawe dhingin | awon pênêd ing lokil makpul punika ||

19. kang raka alon ngandika | iya yayi apa malih | yèn wis manjing tekadira | pun kakang têka ngamini | sadina mituturi | sêmana pan sampun dalu | prasamya salat nglanggar | bagdane salat prasami | ingkang raka kalangkung sinungga-sungga ||

20. yèn dalu arêringgitan | sira Ki Agêng ing Pêngging | anyugata mring kang raka | pan ringgit bèbèr kinardi | pan samya anujoni | garwanira wawrat sêpuh | sarêng lair punika | ing sasi Jumadilakir | tanggal kaping wolu anuju taun Dal ||

21. marêngi môngsa kalima | nuju dina Rêbo Lêgi | ing wanci bangun raina | miyos jalu langkung pêkik | nuju Ki Agêng Pêngging |

--- 47 ---

amêdalkên bingbingipun | Kyai Gêdhe Kênonga | langkung sukanirèng galih | wong kang nonton waya[41] bèbèr kagegeran ||

22. ana kêkuwung gêng prapta | têtiga anyêrot kali | garimis samya sakala | ngandika Ki Agêng Tingkir | yayi putranirèki | ingsun paringi jêjuluk | Ki Mas Karèbèt ika | dene yayi amarêngi | ing laire ana wayang bèbèr ika ||

23. kang rayi alon turira | anuwun langkung prayogi | angsala pandonga tuwan | mugi kalisa ing sakit | kawula inggih darmi | paduka kang darbe sunu | mugi pinanjangêna | yuswane kang jabang bayi | mugi-mugi tulusa nugrahaning Hyang ||

24. cinarita tigang dina | Ki Agêng Tingkir nèng Pêngging | kunêng ingkang kawarnaa | dutane sri narapati | ing Dêmak sampun prapti | ponang caraka tumanduk | ing ngabyantara nata | wus katur saaturnèki | pamopone Kiyai Gêdhe Kênonga ||

25. panêmbahaning Bintara | sigra dènnya animbali | mring Ki Gêdhe Wanapala | kang rama kiyai patih | tan dangu nulya prapti | ing ngarsane sang aprabu | apan tinuwa-tuwa | putra kang kinarya patih | angandika Sri Naranatèng Bintara ||

26. kakang ana panggawean | patut para kang nindaki | anggawaa bantah ingwang | sira dadi wakil mami | marang Ki Jêbèng Pêngging | rong prakara bantah ingsun | hèh kakang wruhanira | ana karasa ing ati | bokmanawa ing têbe[42] dadi wisuna ||

27. iya sapungkur manira | mulane sun ihtiyari | iya iki tulis ingwang | antêpên [antêpê...]

--- 48 ---

[...n] Ki Jêbèng Pêngging | êndi kang dèn labuhi | salah sawiji ta iku | sakèhe karsaningwang | wus ana ing sira kaki | sigra lèngsèr Kyai Gêdhe Wanapala ||

28. bêkta sabate sakawan | Ki Gêdhe Wanapala glis | datan kawarna ing marga | pan sampun prapta ing Pêngging | wus panggih munggèng panti | Ki Gêdhe Kênonga muwus | kiyai pakênira | inggih wong agung ing pundi | lawan sintên ingkang pinuji ing kathah ||

29. Ki Gêdhe ing Wanapala | alon dènira nauri | kiyai manira Dêmak | dutane sri narapati | maring sira ta yayi | anggawa timbalanipun | Sinuhun ing Bintara | amariksa ing sirèki | dene sira kapiyarsa alul tapa ||

30. apa ingkang sira sêdya | timbalane sri bupati | jawabên dipun pratela | ya ingkang kalih prakawis | aywa nyimpang ing kardi | asikara dadinipun | maring ing badanira | aywa angrangkêpi budi | nora enak kasmarane ing agêsang ||


ingkang (kembali)
ingkang
dundum (kembali)
dundum
Kurang satu suku kata: lan anjaluka pitulung (kembali)
Kurang satu suku kata: lan anjaluka pitulung
|Guru lagu seharusnya: 8a, têmbunge kang punang surat (kembali)
|Guru lagu seharusnya: 8a, têmbunge kang punang surat
antup-antupan (kembali)
antup-antupan
ngimami (kembali)
ngimami
Lebih satu suku kata: salalahu ngaleysalam (kembali)
Lebih satu suku kata: salalahu ngaleysalam
Kurang satu suku kata: angrubut ing ajurit (kembali)
Kurang satu suku kata: angrubut ing ajurit
Guru lagu seharusnya: 5a, lor kidul kêna (kembali)
Guru lagu seharusnya: 5a, lor kidul kêna
10 Kurang satu suku kata: katumbak ing rowangnya (kembali)
Kurang satu suku kata: katumbak ing rowangnya
11 turôngga (kembali)
turôngga
12 Lebih satu suku kata: datanpa bisa numbak (kembali)
Lebih satu suku kata: datanpa bisa numbak
13 masjid (kembali)
masjid
14 Lebih satu suku kata: sarta gawaa (kembali)
Lebih satu suku kata: sarta gawaa
15 Kurang satu suku kata: lan maring rowang sirèki (kembali)
Kurang satu suku kata: lan maring rowang sirèki
16 baris (kembali)
baris
17 Kurang satu suku kata: kang prajurit prasamya angrangsang bata (kembali)
Kurang satu suku kata: kang prajurit prasamya angrangsang bata
18 capurining (kembali)
capurining
19 kang (kembali)
kang
20 Kurang satu suku kata: lan Ratu Dwarawati (kembali)
Kurang satu suku kata: lan Ratu Dwarawati
21 Mesanular (kembali)
Mesanular
22 Sengkalan : sirna ilang kartèng bumi (1400 A.J.) (kembali)
Sengkalan : sirna ilang kartèng bumi (1400 A.J.)
23 duk (kembali)
duk
24 rakanta (kembali)
rakanta
25 kang rawuh (kembali)
kang rawuh
26 rêsikana (kembali)
rêsikana
27 panganggone (kembali)
panganggone
28 Kurang satu suku kata: ana Mukhammadurullah (kembali)
Kurang satu suku kata: ana Mukhammadurullah
29 animbali (kembali)
animbali
30 Baris ketiga tidak ada (kembali)
Baris ketiga tidak ada
31 wus (kembali)
wus
32 Lebih satu suku kata: gya susunan narik dhuwung (kembali)
Lebih satu suku kata: gya susunan narik dhuwung
33 Kiyai (kembali)
Kiyai
34 Jaka (kembali)
Jaka
35 Tunjungputih (kembali)
Tunjungputih
36 Ki (kembali)
Ki
37 pawèstri (kembali)
pawèstri
38 Kurang satu suku kata: wisma pinggir bêngawan (kembali)
Kurang satu suku kata: wisma pinggir bêngawan
39 Kurang satu suku kata: wus tata samya alênggah (kembali)
Kurang satu suku kata: wus tata samya alênggah
40 Lebih satu suku kata: dèrènge wontên badan (kembali)
Lebih satu suku kata: dèrènge wontên badan
41 wayang (kembali)
wayang
42 têmbe (kembali)
têmbe