8. Asmaradana
1. lah ta sira pilih êndi | ana luwih saking ora | kang suwung luwih suwunge | lawan aturu sapisan | lan mêlèk salawasnya | miwah turu sabên dalu | lan amangan sabên dina ||
2. amangan sapisan iki | warêg sajêge tumitah | lawan mangan sabên sore | pangêlihe sabên dina | payo sira piliha | timbalinglane sang aprabu |[1] yèn sira milih kang ana ||
3. lan amangan sabên ari | alapên nagara Dêmak | mupung maksih sang akatong | Ki Agêng Pênggingira |[2] punapa ta sang nata | salah karya ing pamuwus | ing ngriki wontên pu ||[3]
--- 49 ---
4. kagyat kawula tan sipi | timbalane sri narendra | ngangge karsa walangatos | kyai panyana kawula | ratu kaliphahing Hyang | yêkti budi luwih luhur | wêkas-wêkasing utama ||
5. kawula datan amilih | sadayane apan arsa | yèn miliha suwung bae | pan suwung amêngku gêlar | punapa siya-siya | mring anak putu ing pungkur | yèn miliha ingkang ana ||
6. pintên lamine wong urip | pira rasaning wibawa | pan dèrèng wontên adate | wong kang umur sèwu warsa | liyane Nabi Adam | ingkang umur sèwu taun | liyane iku tan ana ||
7. kamuktèn sajroning pati | pan sirik ingaran pêjah | asalin panggonan bae | taune yutan awêndran | datan ngangge etungan | pan botên kenging dèn etung | puniku atur kawula ||
8. apan jênênge wong urip | kinèn manjangêna titah | siya-siya mring turune | punapa botên duraka | marma sampun kainan | dene karsaning Hyang Agung | ing wuri sintên uninga ||
9. Kyagêng Wanapala angling | kalangkung èmêng tyasira | dene kewuhan saure | abênêr kang salah cipta | wong iki wus katara | noma rarêm[4] adhêdhukuh | sandi bae nandur kênthang ||
10. yèn mêngkono sira kaki | wiku-wikuning atigan | tan putih jaba jêrone | maksih angandhut pahuman | ciptane kawoworan | sira wong apa tumuwuh | kabèh dènira karsakna ||
11. Ki Agêng Kênonga angling | sampun kang mênggah kawula | yèn kêna suminggah dene | nadyan Gusti Rasulullah | tanpa
--- 50 ---
watês ing karsa | nênggih wontên têdhakipun | Sultan Sèh Nagri Bagêdat ||
12. Ngabdul Kadir Jaelani | pan botên tilar luamah | puniku langkung parêke | pan saking Hyang Mahamulya | tur trahing Rasulullah | ngèlmune wali linuhur | lawan nalika atapa ||
13. pinakanan kadya kucing | yèn sampun nulya dèn untal | sampun mênggah awak ingong | sagêda pisah luamah | lamun maksih nèng dunya | kuwata bêdhah puniku | atapa saking luamah ||
14. Kyagêng Wanapala angling | lamun mêngkono ta sira | iya nora ngimanake | marang karatoning Dêmak | saking pitung madahab | botên niyat angrêmpêlu | amba mring karaton Dêmak ||
15. sintên kang uninga benjing | langkung gaibing Pangeran | Ki Gêdhe Pala srujare | lah payo sira sebaa | marang nagara Dêmak | Kyai Agêng Pêngging matur | inggih ta samăngsa-măngsa ||
16. yèn Allah sampun marêngi | pintên dangune lumampah | samangke nuwun dukane | gampil masalahe benjang | Ki Wanapala mojar | sun alimi sira iku | ing têlung taun kewala ||
17. pan ingsun ingkang nanggoni | iya dukane sang nata | sun maklumi sira mêngko | bok durung katêmu iya | ing pikir pakênira | Ki Wanapala wus kondur | wus praptèng nagri Bintara ||
18. lajêng tumamèng jro puri | tinimbalan mring narendra | sigra marêk ngarsèng katong | gupuh-gupuh atur salam | wus katur solahira | buka wêkasan ingutus | dhawuhkên timbalan nata ||
19. jawabe Ki Jêbèng Pêngging | sual kêkalih prakara | dipun pilih [pi...]
--- 51 ---
[...lih] sadayane | alêrês panyipta tuwan | ing watawis sêmbada | Ki Jêbèng Pêngging puniku | saèstu ngrangkêpa karya ||
20. yèn pinêngkok anyidrani | dene lamun ingomberan | mèlèt tur tega patine | nanging ta atur kawula | paduka dèn sêgara | wêwatês amba pukulun | anênggih ing tigang warsa ||
21. apan darbèking narpati | samodranira awiyar | ing makluk kalawan momot | yèn tan prapta tigang warsa | puniku langkung karsa | ya ta wau sang aprabu | nuruti Ki Gêdhe Pala ||
22. cinarita lami-lami | tigang warsa nora prapta | andhatêngkên ing runtike | Susunan Kudus ngandikan | prapta byantara nata | angandika sang aprabu | ki jèbêng paran karsanya ||
23. prakara Ki Jêbèng Pêngging | mardyèng ing karaton ingwang | sira lumakua dhewe | luwih ing prayoganira | pan sira wus wiweka | amrih lêganing tyas ingsun | Sunan Kudus tur sandika ||
24. wus lumampah cara santri | papat sabat kang binêkta | kang satunggil gendhong bêndhe | Kiyai Macan punika | waris saking Bintara | kunêng ta ingkang winuwus | Kyai Gêdhe Tingkir seda ||
25. nulya siniraman nuli | layone nganti punika | Ki Gêdhe Pêngging praptane | duk sêmana ingutusan | Ki Gêdhe Pêngging prapta | angrungkêbi layonipun | karuna kadya wanodya ||
26. kakang antènana mami | alayar sagara rahmat | aywa kari raganing ngong | tan bisa ingsun nèng wuntat | pisah paduka kakang | tangi angrungkêbi suku | Ki Gêdhe maca istigpar ||
27. amaca subkanalahi [subkana...]
--- 52 ---
[...lahi] | nulya wau siniraman | sinèlèh sinarèkake | nênggih wontên Ngardi Purwa | Ki Agêng Pêngging ika | cinarita tigang dalu | sêmana nèng Ardi Purwa ||
28. pamit mring kang raka èstri | Nyai Gêng Tingkir ngandika | yayi ing pitung dinane | kakangira antènana | kang rayi aturira | kawula nuwun mit mantuk | manah kula mêlang-mêlang ||
29. Nyagêng Tingkir lingira ris | tilarane raka para | yayi pariksanên age | manawa na karsanira | yayi para gawaa | kang rayi alon umatur | kakang sampun pindho karya ||
30. wus mulih Ki Agêng Pêngging | wus prapta ing wismanira | wuwusên wau lampahe | Jêng Sunan Kudus wus prapta | salor kali Cêmara | nuju Hyang Arka tumurun | kèndêl satêngahing wana ||
31. tarataban pinggir kali | kanan keringira desa | Susunan Kudus karsane | tan arsa sipêng ing desa | pinggir kali Cêmara | marmane kèndêl pêpundhung | mrih kiwa aywana wikan ||
32. ing dalu arsa yêktosi | karsane bêndhe punika | lan arsa mirsa swarane | yèm[5] bêngkak bêndhe punika | tiwasing lampahira | mangkana ciptaning dalu | bêndhe tinabuh sêmana ||
33. tinabuh anulya muni | pan kadya macan angonbang |[6] lir sima satus swarane | kagyat sagunging wong desa | sakanan keringira | macan angombang sadalu | enjing samya pinariksa ||
34. tan ana macan kaèksi | amung wong pitu kang ana | wong desa samya têtakon | pundi swarane kang sima | sadalu dènnya ngombang | nauri Susunan Kudus | ing kene tan ana macan ||
--- 53 ---
35. sangsaya kathah kang prapti | ing wong kanan keringira | kabèh samya atêtakon | mokal lamun tan anaa | sadaya samya myarsa | gumujêng Susunan Kudus | yèn mêngkono desanira ||
36. aranana Sima iki | dene nora nana macan | têka ana suwarane | nulya ngèstokkên sadaya | desa araning Sima | wus lajêng Susunan Kudus | kang arsa anatas nyawa ||
9. Mêgatruh
1. wus mangidul lampahe Susunan Kudus | sabat pêpitu tan kari | lêpasing nginggil sadhawuh | anglangkungi lèpèn alit | sabat siji matur alon ||
2. luwung kèndêl sakêdhap kularsa nginum | sang wiku mudha nglingnya ris | hèh ta sabarna sirèku | tan antara nulya prapti | ana kali buthak katon ||
3. ya ta kèndêl ngandika Susunan Kudus | nyêmpal Pepe sarwi linggih | samya ngombe sabat pitu | ngandika sang mahayêkti | iku kali Pepe ayom ||
4. nulya kèndêl wontên sangandhaping pucung | katingal dhukuhing Pêngging | bêbancaran sri kadulu | anggênggêng kêkayon asri | tuhu tilasing kadhaton ||
5. arsa takèn mila kèndêl ngandhap pucung | linuding maruta ngidit | samyayêm dènira lungguh | sabat munggèng kanan kering | rinubung ing rare angon ||
6. arsa takèn rare samya rubung-rubung | angadêg samya nakèni | apa sira gendhong iku | agumriwis rare alit | dadya tan antuk têtakon ||
7. pijêr dening rare atêtakon iku | apa ika apa iki |
--- 54 ---
badhe binadhe puniku | samya rewange pribadi | sun badhene iku gembol ||
8. kang sawênèh sumatur[7] ambadhe dudu | ana badhe layah iki | kang sawênèh badhe kêmpul | nulyana ingkang nauri | yagene kêmpul ginendhong ||
9. kaya kêkêp kêtara kucune mêncu | ting calêmong bocah cilik | satunggil ana sumaur | sun badhene iku tai | anyêntak sabat kang gendhong ||
10. bocah iki ting calêbung padha bêsur | bok dêlêng uwong sathithik | ingaruhan nora mundur | malah samya garayangi | kang agendhong mengkot-mengkot ||
11. ya ta mèsêm ngandika Susunan Kudus | sakarêpe bocah cilik | aja na angaruh-aruh | sabat siji anauri | jêr rarene samya bancol ||
12. tinakonan têka tan pijêr sumaur | têka pijêr anakoni | naracak saya dalurung | karang kabancolan iki | nulya na wong tuwa takon ||
13. sarwi mikul pasangan nyangkêlit pêtcut | cawêtanira mathithing | jêbobog ikête sabuk | upête mêrang cinangking | rinangkêp lawan sarotong ||
14. saking kilèn ningali rare arubung | samya ngrubung wong alinggih | jêlèh-jêlèh cêluk-cêluk | bocahe padha pênyakit | jamak padhaa andhodhok ||
15. ana uwong alinggih padha ting jlanggrung | apa sira dêlêng iki | kaya sêranduning mungsuh | wong linggih tan dèn keringi | tak gêbug sabilan mêngko ||
16. padha mire kathah samya lare guyu | susunan [su...]
--- 55 ---
[...sunan] mèsêm lingnya ris | paman samya ngaruh-aruh | wus jamake rare cilik | jêr kêkasihing Hyang Manon ||
17. nulya linggih asèlèh pasanganipun | upête mêrang sinandhing | ngukabi[8] kandhutanipun | têmbako anèng salêpi | pak gondhong nyogok sarotong ||
18. lah ta dawêg ki besan paduka udut | Susunan Kudus lingnya ris | tarima wong sanak ingsun | rika ududa pribadi | aywa sira walangatos ||
19. lah ta sanak manira takon satuhu | gih langgare kang kaèksi | punapa gih dalêmipun | Kiyai Agêng ing Pêngging | kang tinakèn matur alon ||
20. apan inggih padalêmane puniku | Gusti Ki Agêng ing Pêngging | pan sampun sadasa dalu | jêng gusti sangêt prihatin | ing siyang dalu nèng kobong ||
21. sadhatênge ing Tingkir dènnya angungun | kang raka Ki Agêng Tingkir | kadange tunggil saguru | punika mangke ngêmasi | duk kala Jumungah Êpon ||
22. ngantos mangke inggih dèrèng mêtu-mêtu | ki agêng maksih prihatin | kawula wau katêmu | badhe sabat pakne kadim | makatên dènnya cariyos ||
23. alon dènnya ngandika Susunan Dudus |[9] hèh bangêt tarima mami | ing patuturira iku | ngêndi rane desa iki | kang tinanya matur alon ||
24. inggih dhusun ing Kênayan wastanipun | susunan lingira aris | sira lihên Ngaru-aru | ingsun ingkang anyalini | gih pênêd saure kang wong ||
25. nulya lajêng lampahe [lampah...]
--- 56 ---
[...e] Susunan Kudus | prapta ngandhaping kuwèni | sajawining banon agung | salèring dalêm puniki | kuwèni wetan sakêbon ||
26. pinggir pagêr lèr waringin aub-aub | ênggoning wong nini-nini | susunan kèndêl ing ngriku | sabat samya nganan ngeri | samya dèn wangsit ingkang wong ||
27. lamun ana wong gumêdêr wêkas ingsun | bêndhe tabuhên dèn aglis | ya ingsun arsa lumêbu | nora gawa batur siji | nini ingsun titip kang wong ||
28. ingsun iki nini pan arsa lumêbu | panggih lan Ki Agêng Pêngging | wong nini-nini lon matur | kiyai saking ing Tingkir | dika mêdal saking kulon ||
29. lumastantun amindha wong anjêjaluk | dumrojog ing dalêm prapti | dhodhok sangandhaping batur | para nyaine udani | sawiji mara têtakon ||
30. lah ing ngêndi omah pêkênira bagus | sumaur kang dèn takoni | manira ihi[10] ing Kudus | matura marang kiyai | pan arsa panggih wak ingong ||
31. ni bok cèthi nauri ing wuwusipun | kiyai lagya prihatin | tan manggihi mring têtamu | Sunan Kudus angling aris | têka matura dèn alon ||
32. lamun ingsun carakanira Hyang Agung | ingsun wong têka ing langit | bok cèthi sigra lumêbu | umatur saha wotsari | saking jawining kêkobong ||
33. inggih gusti ing jawi wontên têtamu | ngakên dutaning Hyang Widhi | nênggih saking mega biru | Ki Gêdhe lingira aris | undangên ing ngarsaning ngong ||
34. cèthi mêdal angawe [a...]
--- 57 ---
[...ngawe] sigra tumanduk | praptane jro dalêm aglis | anguluki salamipun | Kyai Agêng nglingkap samir | ing ngriki samya nèng kobong ||
35. wus ajawab tangan prasamya alungguh | kyai gêng ngandikèng rabi | Rubiyah saosa gupuh | dèn samêkta kang prayogi | kang rayi sigra mring pawon ||
36. Sunan Kudus andhawuhakên pamuwus | hèh ta Ki Agêng ing Pêngging | timbalane sang aprabu | apa kang sira karêpi | ana ing jaba lan ing jro ||
37. ana ngisor kalawan ana ing luhur | Kyai Agêng lingira ris | jaba jêro ngisor dhuwur | kabèh iku ngong karsani | tan bisa amilih ênggon ||
10. Dhandhangmunya[11]
1. yèn miliha ing jêro pan sirik | yèn miliha jaba luwih sasar | sêmang-sêmang pangidhêpe | yèn miliha ing luhur | pan kumandhang dèn aku yêkti | yèn miliha ing ngandhap | iya iku bingung | sasare pitung bêdahab | jaba jêro ngisor dhuwur duwèk mami | orane duwèk ingwang ||
2. Sunan Kudus pamuwuse bêngis | sira iki iya kêkandhangan | apa mantêpa tekade | Kyai Gêng lon amuwus | pindho gawe sira ki bayi | yèn wus kinêcapêna | pasthi yèn dèn ulu | dèn lêpèha siya-siya | yèn was-uwas iku panggawening eblis | anyimpang idhêpira ||
3. Sunan Kudus angandika malih | apa bisa mati jroning gêsang | urip sajroning patine | pan ingsun arsa wêruh | Kyai Agêng alon nauri | Insa Allah yèn aja | ana sira iku | nora
--- 58 ---
nêdya pangimanan | sira iku andalih wong apa mami | pan ingsun tan suminggah ||
4. lamun sira andaliha santri | iya santri yêktine wak ingwang | têrkanên rêraton mangke | nyata wijiling ratu | yèn nêrkaa Allah sirèki | lah iya nyata Allah | sakarsanirèku | kawula nyata kawula | Sunan Kudus angandika sun yêktèni | arsa wruh patinira ||
5. anauri Kyai Agêng Pêngging | yèn mêngkono karsaning narendra | sira akarsa lêpate | ya ngêndi ana iku | umat bisa mati pribadi | nanging panjaluk ingwang | ing sapungkur ingsun | aywa ngèmbèti ing kathah | ngamungêna ingsun dhewe kang nglakoni | Sunan Kudus lingira ||
6. aywa sira nganggo walangati | dyan Ki Agêng alon wuwusira | payo sêkingira kuwe | bêlèkna sikut ingsun | gya binêlèk Ki Agêng Pêngging | amêpêt napasira | apan ta wus lampus | Sunan Kudus nulya gêtak | uluk salam Ki Agêng maksih nauri | ya ngaekum salam ||[12]
7. Sunan Kudus sigra mijil jawi | wus pêpanggih lan sabat sadaya | wuwusên wau garwane | nyi agêng tan angrungu | manjing dalêm wus asêsaji | tan ana tamunira | tilase wus dangu | sigra dènnya miyak gubah | tiningalan kang raka sampun ngêmasi | anjrit asru karuna ||
8. cèthinira sadaya anangis | pan kapyarsa saking kering kanan | nak putu lanang wadone | apan samya lumayu | sampun gumyak lamun ngêmasi | Ki Agêng kênèng cidra | ing jawi gumuruh | kulawăngsa
--- 59 ---
sami prapta | sawontêne gêgaman samya nututi | samya nangis sadaya ||
9. sabat jêro bapakane Kadim | nulya aglis manjing dalêm pura | Sèh Kadim gya mundhut bêndhe | Kiyai Udanarum | bêndhe iku kalane dhingin | Prabu Andayaningrat | ing nalika iku | anglurug nagari liyan | lamun bêndhe tinabuh anulya grimis | pasthi lanang kang yuda ||
10. Kyai Udanarum wus tinitir | abusêkan ing Pêngging wurahan | alok awor lan tangise | wêtara kalih atus | ingkang sampun nututi dhingin | kang kari gurawalan | liwêran asêlur | Susunan Kudus miyarsa | kèndêl anèng sangandhaping pucung nguni | ngaruh-aruh kênyanan ||
11. Kyai Macan tinabuh ngêbêki | swaranira lir sima angombang | wong Pêngging awas tingale | wadyane Sunan Kudus | pan atembak ana sakêthi | anggabag warna-warna | lir jaladri têdhuh | ngalèr ngilèn lampahira | kulawăngsa nênggêl pan maksih nututi | dèrèng wontên mirisa ||
12. hèh wong cidra rampasên sun iki | aywa tanggung tumpêsên sadaya | ilokna gustèngsun age | ilokna sanak ingsun | belakêna wong tuwa mami | tinon samya kotbuta | Jêng Susunan Kudus | nolèh ngidul angandika | hèh wong Pêngging ingsun iki tan ngèmbèti | marang kang kaya sira ||
13. kulawăngsa prasamya sru angling | hèh wong cidra sakêthi wuwuha | payo tamèng jaja kene | angadu tosing balung | angrok bănda awalapati | atêmpuh pupu jaja | akantaran [a...]
--- 60 ---
[...kantaran] bau | payo atakêr ludira | ngadu kêncênging otot wulêding kulit | dèn pasthi aywa cidra ||
14. Sunan Kudus mèsêm nolih-nolih | sarwi ngawe asru wuwusira | hèh padha muliha kabèh | aywa na salah dudu | pan wong cilik datan udani | dosane gustinira | aprana ing ratu | kang têkên kinipat ngetan | pangrasane mungsuhe wong Pêngging iki | mangetan lampahira ||
15. ambêbujung prasami nututi | gêgaman lêksan prasamya ngetan | tan kêna tinangguh lêre | kasaput dening dalu | maring mungsuh anganan ngering | pijêr ajêjelungan | tan ngalor tan ngidul | ngetan ora ngulon ora | Sunan Kudus ing kali Pepe wus prapti | lor kali tata lênggah ||
16. anyirati têgal kidul kali | angandika marang sabatira | wong ing Pêngging mêsakake | têpa-têpa wak ingsun | duwe sanak lan duwe gusti | dimène samya prapta | ing sadayanipun | lamun karingête mêdal | lan maninge yèn angancik kidul kali | pasthi nêpsune ilang ||
17. dèn nawèkkên têtêkênirèki | ngidul ngetan kang bingung wêruha | sigra anut sasolahe | samya surak gumuruh | pitungakus[13] watawisnèki | prasami rêbut ngarsa | kidul kali rawuh | mungsuhe ika katingal | pangrasane lor kali katon sakêthi | abra lir wukir kêmbar ||
18. wadya Pêngging ngancik kidul kali | manahira sakala darana | wus ilang nêpsune kabèh | marmane ana dhusun | ing darana jemblungan nguni | miwah kabèh punika | pan Susunan [Susuna...]
--- 61 ---
[...n] Kudus | ingkang pêparing wasiyat | wadya Pêngging sadaya wus samya mulih | amênêdi kunarpa ||
19. Sunan Kudus pan lajêng tumuli | kunêng kyai agêng cinarita | layone sampun sinare | lor wetan dalêmipun | ingkang garwa langkung prihatin | tilar putra satunggal | wayahe cumucut | sasampuning pitung dina | ingkang garwa ki agêng nusul ngêmasi | tinunggilkên kang raka ||
20. Mas Karèbèt pan ginanti-ganti | ingkang gadhuh sadaya santana | pinrih eca ing manahe | ya ta Susunan Kudus | kang winarna ing Dêmak prapti | katur sasolahira | pratingkah ingutus | suka Sang Natèng Bintara | tata tita sawuse alami-lami | Susunan ing Bintara ||
21. apêputra nênêm kathahnèki | èstri satunggal kang jalu gangsal | Pangeran ing Sabrang Êlèr | punika ingkang sêpuh | krama antuk ing Pranaragi | Bathara Katong ika | ingkang ngambil mantu | panênggak Dèn Mas Trênggana | ingkang rayi Pangeran Seda ing Kali | lan Pangran Kandhuruwan ||
22. Radèn Pamêkas kang rayi èstri | wus akrama lan Carêbon ika | panêmbahan bisikane | Sinuhun Bintarèku | cinarita pan sampun lalis | ingkang gumantya nata | putra ingkang sêpuh | Pangeran Sabrang Lèr ika | tan alami gumantya nulya ngêmasi | sinare tunggil rama ||
23. Radèn Trênggana jumênêng aji | ingestrenan pra wali sadaya | Sultan Dêmak bisikane | pangulu Sunan Kudus | pêpatihe pan milwa salin | Patih Mangkurat pêjah | anake jêjuluk | Kyana Patih Wanasalam | kunêng Dêmak ing
--- 62 ---
Pêngging winuwus malih | Mas Karèbèt punika ||
24. wanci umur ing sadasa warsi | langkung pêkik ing suwarnanira | wingit asêdhêng dêdêge | bagus sarira lurus | jaja wijang turut aramping | cahya lir ăndakara | mangsane katêlu | emane wagu ing solah | Mas Karèbèt karêm marang wong angringgit | asring ngèngèr dhêdhalang ||
25. sêntanane pan angrêksa sami | Mas Karèbèt pinrih ecanira | kinèndêlkên sapolahe | wayah wus bisa macul | kang winuwus Nyai Gêng Tingkir | marang Pêngging sêmana | sêdyane puniku | mring putrane arinira | dènira wus rama ibu angêmasi | Nyai ing Pêngging prapta ||
26. Mas Karèbèt anulya pinanggih | tinangisan marang ingkang uwa | sanak-sanak sadayane | samya anglut amuwun | kathah-kathah karasèng galih | Nyai Gêng Tingkir mojar | adhuh sanak ingsun | sun jaluk sukane padha | anakira iya sun gawa mring Tingkir | sadaya tur sumăngga ||
27. wus binêkta Ki Jaka mring Tingkir | praptèng Tingkir pan dinama-dama | dèn ugung paripolahe | Nyai Gêng Tingkir iku | pan keringan ing kanan kering | tilase ingkang raka | pan sinuhun-suhun | pinundhi-pundhi macapat | Mas Karèbèt angalih Ki Jaka Tingkir | wontên ing Ardi Purwa ||
28. nanging akarêm saba ing sêpi | jurang-jurang pèrèng pagunungan | yèn dalu nginêp pêpèrèng | arêmên turu gubug | têgal-têgal ingkang asêpi | pan amrih kadigdayan | wêkasing tumuwuh | kagunan myang kaprawiran | amrih dibya ing wijaya-wijayanti | anèh
--- 63 ---
lan rare kathah ||
29. ingkang ibu langkung ing prihatin | lama-lama putrane diwasa | agung sabawana bae | asipêng siyang dalu | malah kongsi ing pitung ratri | kang ibu langkung susah | sêmana duk rawuh | ingkang putra tinangisan | sira kulup apa ta sêdyanirèki | anggung sipêng ing wana ||
30. aywa sipêng anèng wana malih | iku dadya mêlanging tyas ingwang | tan ana sun dulu anggèr | balik ta sira kulup | apa ingkang sira karsani | gusti amêmundhuta | ing sapantêsipun | wong dama mêskin sarwa na | tilarane iku wakira duk swargi | aywanggung turu wana ||
31. lamun sira rêmên dhedhe gusti | nora rêmên sira saba wisma | sinau nambut karyane | iya milua macul | marang baturira ta gusti | wong roro tunggu gaga | iya anênungkul | lan ana sun arsa-arsa | ingkang putra sigra dènnya mundhut wangkil | anusul mring pagagan ||
32. pagagane sawetaning kali | nusul marang rencange bunira | kêkalih juru sawahe | sadina nora mantuk | santri kalih mantuk abukti | wanci sawuse ngasar | ririse atêdhuh | Jêng Sinuhun Kalijaga | saking kidul lêlampah ambêkta êcis | saking ing Pamancingan ||
33. nguwuh-uwuh saking jaban gagi | lah ta kulup sira marènana | Ki Jaka anolèh age | pan sira bakal ratu | kang amêngku ing tanah Jawi | ngur sira suwitaa | marang Dêmak kulup | ing kono dadya jalaran | sigra wau alajêng Sinuhun Kali | angalèr sampun lêpas ||
34. pan Ki Jaka wau
--- 64 ---
aningali | dupi sampun lêt kali gya musna | Ki Jaka anulya mulèh | matur mring ibunipun | ibu wontên wong langkung gagi | sarwi nguwuh mring kula | hèh muliha kulup | aywa karêm nèng pagagan | suwitaa marang ing Dêmak nagari | pan sira bakal nata ||
35. ingkang ibu alon têtanya ris | iya kulup dêdêgi[14] kayapa | ingkang nguwuh-uwuh kuwe | kang putra lon umatur | ragi inggil dêdêgerèki | wulung rasukanira | kulukipun wulung | kang ibu alon ngandika | yèn mêngkono iku Jêng Susunan Kali | nyawa sira turuta ||
36. olih sabdaning pandhita yêkti | sira kulup kinèn suwitaa | iya marang Dêmak age | ana pamanirèku | asuwita Prabu Ngawanti | lêlurah suranata | arane Ki Ganjur | yaiku sundhulan ingwang | jêjuluke kang putra pan dèn tuturi | sawêngi kongsi têlas ||
37. duk lagyarsa umangkat sang pêkik | pan kapalang ingkang ibu gêrah | dadya kèndêl ing karsane | nulya nyai gêng lampus | Kyai Jaka langkung prihatin | sedane ibunira | siniraman gupuh | sinare tunggil kang raka | ya ta wau Ki Jaka Tingkir gung kingkin | tansah angron ing kamal ||
11. Sinom
1. dene tan tutug sêdyanya | kasêlak kang ibu lalis | gènnya ingêmong ibunya | tinilar ing yayah bibi | Ki Jaka langkung kingkin | sasedanira kang ibu | dene dèrèng akrama | mila sangêt agring kingkin | dadya sira Ki Jaka amatiraga ||
--- 65 ---
2. tansah dènnya sabèng wana | manjing ing guwa kang sêpi | mangkana osiking driya | Ki Jaka ngartikèng galih | yèn mêngkene wak mami | tanpa wêkasing tumuwuh | yèn tan ana sinêdya | lêhêng kesah awak mami | ing saparan anut panujuning karsa ||
3. sigra lajê[15] kesahira | sumêdya minggah ing wukir | angulati jalma tapa | apan arsa taki-taki | amrih ing ngèlmu jati | sêmana pan lajêng antuk | jatining puruhita | tuwin kasêktèning jurit | pan wus kathah antuke sangking pratapan ||
4. ri sampuning dhatêng arga | wau Ki Jaka ing Tingkir | nulya mudhun saking arga | ngalèr ngetan lampahnèki | lêpas dènnya lumaris | ardi Prawata jinujug | wus manggih padhukuhan | akèndêl sipêng ing wêngi | rêm-rêm ayam ana swara kapiyarsa ||
5. lah sira anglampahana | dhalang ringgit bèbèr kaki | iku ta margane sira | wêtune sandhang lan bukti | lan sira wruh ing krami | lah iku pituduh ingsun | kagyat dènnya anendra | Ki Jaka anulya tangi | tan antara kesahe saking pratapan ||
6. lajêng angalèr lampahnya | ing Kudus sinêdyèng kapti | sapraptaning Kudus ika | nulya angupaya ringgit | bèbèr pan sampun olih | Ki Jaka nulya lêstantun | anglampahi dhêdhalang | Ki Karèbèt wastanèki | wus mangkana kesah sangking Kudus sigra ||
7. angidul ing lampahira | datan kawarna ing margi | wus prapta kiduling arga | ing Tarub jinujug nguni | apan sampun alami | dumunung anèng ing Tarub | Ki Jaka wus kaloka | Ki Karèbèt namanèki |
--- 66 ---
kathah rêmên dènnya ngringgit bèbèr ika ||
8. malah dadya pakaulan | Ki Dhalang Karèbèt nênggih | pilih wong yèn tan rêmêna | Ki Karèbèt dènnya ngringgit | dhasar anom apêkik | awasis pangringgitipun | akathah wong kasmaran | jalu èstri samya asih | pangringgite ki dhalang langkung apelag ||
9. sadaya samya sih marma | sakathahe kang ningali | marang Ki Karèbèt ika | sêmune kawêlasasih | sadaya sami asih | marang ki dhalang kalangkung | kawarnaa ing Sela | lamine tan kadi mangkin | wontên dhalang praptane karya asmara ||
12. Asmaradana
1. mangkana ingkang winarni | Kyai Agêng ing Sêsela | anênggih ta salamine | prajane kanggonan dhalang | datan kadi punika | sakalangkung asihipun | mring ki dhalang bèbèr ika ||
2. marmane kalangkung asih | Kyai Agêng ing Sêsela | dhumatêng ki dhalang bèbèr | Ki Karèbèt ingkang wasta | dening langkung noraga | sasolahe amlasayun | apêkik maksih taruna ||
3. mangkana sampun alami | Ki Karèbèt nèng Sêsela | sangêt ngasorkên badane | marmane ingakên wayah | marang Ki Agêng Sela | dene jatmika aruruh | kadya tilasing ngawirya ||
4. lawan pangringgitirèki | punika kang rinêmênan | marang Ki Agêng Selane | ki dhalang bèbèr nèng Sela | tansah sinuba-suba | ing siyang kalawan dalu | mênuhi bojakramanya ||
5. miwah sagunging wong cilik | ing Sela asih sadaya | marang Ki Dhalang Karèbèt | nanging ki dhalang sêmana | tansah
--- 67 ---
dènnya riyalat | tanpa nendra lamun dalu | yèn siyang datanpa dhahar ||
6. nuju malêm Gara Kasih | ing dalu pan arsa nendra | sêmana dhatêng wangsite | asupêna dhahar wulan | wulan satunggal têlas | krêpês-krêpês raosipun | kadya kênthosing kalapa ||
7. kagyat nulya dènnya tangi | Ki Karèbèt gènnya nendra | sawungunira ge-age | arsa wau tur uninga | marang Ki Agêng Sela | gya prapta ing ngarsanipun | ngaturkên supênanira ||
8. anêmbah konjêm ing siti | ing ngarsa Ki Agêng Sela | Ki Karèbèt matur alon | kawula atur uninga | inggih badan kawula | asupêna wau dalu | katingal anêdha wulan ||
9. pan têlas wulan satunggil | gih kula têdha piyambak | langkung eca ing raose | makatên raosing wulan | kadospundi punika | inggih ing wahananipun | kadospundi jarwanira ||
10. Ki Gêdhe Sêsela angling | iya bêcik iku uga | lah aja sira wiraos | iku impèning narendra | têmah gawe cilaka | Ki Gêdhe micarèng kalbu | wau Ki Gêdhe ing Sela ||
11. yèn sun rasa-rasèng ati | gaibe Hyang Mahamulya | ya ta tan kêna ginawe | lan malih jênênging jalma | datan kêna dèn ina | ingsun iki pan kalangkung | anênêdha ing Hyang Suksma ||
12. prandene tan sinung mami | kudu tumitah ing liyan | baya ta uwis karsane | nanging kayapriye uga | yèn tan tinututana | sapakantuk kawulèku | ina yèn tan istiyara ||
13. mangkana wau winarni | Kyai
--- 68 ---
Agêng ing Sêsela | wus asaos dhaharane | Ki Karèbèt ingancaran | sarêng sami adhahar | wus sami adhahar tuwuk | pan Ki Gêdhe ing Sêsela ||
14. sawuse samya abukti | Ki Karèbèt tan antara | saksana aluntak age | ngarsane Ki Agêng Sela | sigra utah-utahan | lajêng kinokop tan gigu | wau Ki Gêdhe ing Sela ||
15. mapan awis kang nglampahi | kadya Ki Agêng ing Sela | atêgêg ngokopi age | baya Ki Agêng ing Sela | wus takdiring Hyang Suksma | ing satêdhak-têdhakipun | anurunakên nugraha ||
16. wusing mangkana winarni | Kyai Agêng apitêdah | dhumatêng Kyai Karèbèt | mangkana pitêdahira | kaki Karèbèt sira | yèn sira arsa katêmu | iya ing supênanira ||
17. lah sira maria ngringgit | iya ngawulaa sira | mring Sultan Dêmak dèn age | iku gonmu nyatakêna | lah putu impènira | yaiku pituduh ingsun | têka sira lakonana ||
18. kalangkung padhang ing galih | kaki Rèbèt duk miyarsa | dadya emut jroning tyase | ing nguni duk nèng pagagan | winangsit ing wong liwat | panganggone sarwa wulung | kinèn ngawula mring Dêmak ||
19. ing nguni wus matur maring | kang ibu kalangkung suka | kinèn anjujug arine | dadya lurah suranata | ngawula Sultan Dêmak | anama Kiyai Ganjur | kapalang kang ibu gêrah ||
20. nulya kang ibu ngêmasi | Ki Jaka langkung sungkawa | datan emut ing wangsite | dadya ambanting sarira | ing mangke kang pitêdah | Ki Agêng Sêsela iku | kinèn ngawula mring Dêmak ||
--- 69 ---
21. mila padhange tyas mami | dadya emut ing wentehan | mring pituduhing gurune | ya ta enjang kawarnaa | Ki Karèbèt sêmana | wus pamit nuwun pangèstu | dhatêng Ki Agêng Sêsela ||
22. wus lèngsèr ngarsa wotsari | nulya lajêng lampahira | ingkang jinujug sêdyane | marang ing Tingkir wismanya | kinèn ngatêrkên benjang | mring wismane ingkang ibu | swargi kang wus guladrawa ||
13. Dhandhanggula
1. ya ta wau kang winarnèng margi | lampahira Dyan Jaka wus prapta | anèng ing Tingkir wismane | wus panggih wangsanipun | Radèn Jaka dipun tangisi | mring sagung wangsanira | tan nyana yèn mantuk | cinipta praptèng antaka | dene lami ing mangke prapta pribadi | mila aragan-ragan ||
2. sêsêg jêjêl wismane bunèki | samya prapta sagung kulawăngsa | sinungga-sungga rahadèn | antara tigang dalu | Radèn Jaka ngandika aris | mring sagung kulawăngsa | lawan santrinipun | ingsun iki apan arsa | nglêstarèkkên jêng ibu pitungkasnèki | nguni marang wak ingwang ||
3. ingsun kinèn ngawulèng narpati | marang Dêmak Jêng Sultan Bintara | jêng ibu darbe sadhèrèk | kaprênah arinipun | dadya lurah suranatèki | ngawula anèng Dêmak | anama Ki Ganjur | santri kalih emut ing tyas | tur sumăngga Radèn Jaka nulya pamit | mring sagung wangsanira ||
4. kinèn ngatêr mring santri kêkalih | Radèn Jaka lumampah kalawan | wong roro lêpas lampahe | datan kawarnèng ênu | sampun praptèng Dêmak nagari | anjujug suranatan | wismane Ki Ganjur |
--- 70 ---
lajêng samya tata lênggah | santri kalih angaturkên putranèki | swargi raka paduka ||
5. Nyai Agêng Tingkir duk ing nguni | mêling mring amba kinèn ngaturna | mring putra dika ing mangke | arsa suwitèng ratu | Kyai Ganjur lingira aris | iku putrane kakang | baya lihe mupu | kang tinanya aturira | gih punika wijile saking ing Pêngging | pan sampun manjing putra ||
6. wêktu ngasar sêmana marêngi | kangjêng sultan têdhak salat ngasar | masjid ing Suranatane | apan ing sabên wêktu | Suranatan kinambang asri | pan tigang dasa cêngkal | wiyare kang ranu | binata mawi têtirah | upacara wus manjing gapura sami | bubar wong Suranatan ||
7. samya dhodhok jêng sultan duk prapti | lamun sultan dupi sampun minggah | anulya lumêbêt kabèh | wau ta Kyai Ganjur | nyènèng maring Ki Jaka Tingkir | thole sira dhodhoka | wau sang aprabu | Ki Jaka kèndêl kewala | sarêng cêlak wau Ki Jaka ing Tingkir | malumpat mungkur sigra ||
8. sakilèning balumbang wus pranti |[16] kangjêng sultan kagyat duk tumingal | mèsêm alon timbalane | anake sapa iku | Kyai Ganjur gupuh wotsari | pukulun anak kula | rare saking dhusun | Nyai Gêng Tingkir sutanya | angandika sun pundhut sutanirèki | undangên sutanira ||
9. Jaka Tingkir ing ngarsa wus prapti | sakalangkung mabukuh rahadyan | jêng sultan lon padangune |[17] sapa aranirèku | bocah desa dene apêkik | Ki Jaka matur nêmbah | pukulun sang prabu | pun Jaka Tingkir kawula | kangjêng sultan pangandikane abêcik |
--- 71 ---
solahe tandukira ||
10. awilêtan cahyane amanis | nadyan silih wijiling wong desa | bocah iki unusane | hèh sira ingsun pundhut | mari anèng pamanirèki | sira sun aku anak | Ki Jaka wotsantun | sultan minggah salat ngasar | sabakdane kondur lan Ki Jaka Tingkir | kinanthi manjing putra ||
14. Kinanthi
1. sapraptanirèng kêdhatun | wau Ki Jaka ing Tingkir | winor lawan panakawan | miwah putra alit-alit | lamun sang nata cangkrama | tan pisah Ki Jaka Tingkir ||
2. nitih garbong bale lumur | para garwa jêbad bèdri | apêpara marang wana | sang nata misah pribadi | wuruke kalih binêkta | katiga Ki Jaka Tingkir ||
3. anitih tunggil lan wuruk | binêrêg misah wanadri | ana sima gumarosak | ngandika sri narapati | hèh apa kumrosak ika | wuruk satunggil wotsari ||
4. punika sima pukulun | ngandika sri narapati | apa wadon apa lanang | wuruk matur awotsari | dhuh gusti anuwun duka | kilap jalu lawan èstri ||
5. Ki Jaka Tingkir wotsantun | lumumpat ing garbong aglis | sigra dènnya bujung sima | cinandhak sima wus kêni | binopong maring ngayunan | praptèng ngarsane sang aji ||
6. sang nata tumingal guguk | langkung trêsnanirèng galih | wuwuh dènnya kapracaya | wau Ki Jaka ing Tingkir | yèn amêng-amêng mring toya | sêsungapaning jaladri ||
7. sang nata anitih jukung | palwa lêlumban tan kari | titihanipun sang nata | Ki Jaka munggèng ing canthik | yèn ana [a...]
--- 72 ---
[...na] gumêbyur toya | Ki Jaka kinèn gêbyuri ||
8. apa banène gumêbyur | Ki Jaka kinèn gêbyuri | salulup asbujung[18] baya | cinandhak binopong aglis | baya datan duwe karkat | wus katur sri narapati ||
9. langkung tyas marwata sunu | asih mring Ki Jaka Tingkir | katongton prawiranira | mangkana sri narapati | wadya prawira tamtama | kalih atus kang sinêlir ||
10. jinangkêpan kawan atus | kang samya prawirèng jurit | kang tate susur gudebag | parung lawan cèkèl biring | sêsogok kudhup cêpaka | cêcêg-cêcêg cacing kanil ||
11. ababus[19] prawirèng kewuh | jêtmika alus ing budi | limpad pasanging graita | sêmu wiweka nrangwèsthi | wadya prawira tamtama | sadaya samya jrih asih ||
12. wus kinarya lurahipun | wau Radèn Jaka Tingkir | sinung nama Radèn Jaka | ing Tingkir lurah kêkasih | misuwur wong sabintara | lamun Radèn Jaka Tingkir ||
13. dadi panjanging kêkidung | dadi kondhang wong sabumi | dadi ujaring walanjar | răndha nom akèh kapengin | sanadyan samia priya | brăngta mring Ki Jaka Tingkir ||
14. sandhung jêkluk tiba kabruk | sambat Radèn Jaka Tingkir | kajêngkang karangkang-rangkang | sambat Radèn Jaka Tingkir | ing alun-alun Bintara | sêmana ing sabên enjing ||
15. lêbone tamtama iku | sutaning mantri bupati | jinajalan ingadu prang | lan banthèng samya satunggil | lamun banthènge tan pêjah | karo tangan tan ngêmasi ||
16. datan kalêbu wong iku | ingundurakên tumuli | linawan tanpa gêgaman | karo asta amatèni | tinapuk miwah dhinupak | maesa danu ngêmasi ||
--- 73 ---
17. miwah lan maesa danu | angêmbari padha siji | pinatèn tanpa gêgaman | karo asta amatèni | kang banthèng miwah maesa | ingadu padha sawiji ||
18. pagunungan urut dhusun | wong kang luwih rosa sêkti | samya malêbu tamtama | sadaya dipun ayoni | ana dadi ana ora | mangkana ingkang winarni ||
19. ana wong luwih pinunjul | ing Kêdhu wismaning Pingit | Dhadhungawuk namanira | têguhe kapati-pati | malèsèt katiban braja | pan kadya balabag wêsi ||
20. lir sinosog godhong têbu | tan ana kang miyatani | sakèh braja tan tumama | Dhadhungawuk duk miyarsi | kalamun sri naranata | amilihi wong sinêlir ||
21. Dhadhungawuk wus malêbu | wus prapta Dêmak nagari | lajêng anjujug paseban | ing sangandhaping sitinggil | ênggon prawira tamtama | Ki Dhadhungawuk wus linggih ||
22. rahadèn lurah duk wau | lagya ngandikan mring puri | Dhadhungawuk tinakonan | kawula inggih ing Pingit | arsa malêbêt tamtama | dene kawula nèng jawi ||
23. tanpa tandhing sampun wudhu | sakathahing wêsi kalis | sarêng kawula miyarsa | lamun gusti sri bupati | karya prawira tamtama | amilihi wong sinêkti ||
24. kang tangguh prawirèng kewuh | mila kawula puniki | katura maring narendra | tamtama samya nauri | mangke anggèr radèn lurah | lagya ngandikan mring puri ||
25. tan adangu nulya rawuh | wau Ki Jaka ing Tingkir | obah prawira tamtama | Radèn Jaka wus alinggih | umatur umbul tamtama | agèr[20] punika wong Pingit ||
26. kêdah katura [katur...]
--- 74 ---
[a...] pukulun | ing rama sri narapati | manjing prawira tamtama | mèsêm Radèn Jaka Tingkir | abot wong dadi tamtama | dinadar karsaning gusti ||
27. pan kabèh sakancanipun | warata asusur biring | sadaya akukur pêdhang | kalis sakathahing wêsi | Dhadhungawuk aturira | anggèr langkung sukèng galih ||
28. ing badan kula pukulun | lêsu yèn tan mambêt wêsi | anghèr[21] yèn towong sadina | yèn botên dipun suduki | ting gêrmêt ingkang sarira | yèn botên dipun gêbugi ||
29. ing alu kalawan watu | miyarsa karsaning gusti | amilihi wong prawira | mila kawularsa ngabdi | manjing ing wadya tamtama | ngandika wau sang pêkik ||
30. paman ngong jajal karuhun | Dhadhungawuk matur inggih | anggèr lêgane kang manah | ngandika malih sang pêkik | iya ingsun dhewe paman | kang anjajal ing sirèki ||
31. dèn parêk kalawan ingsun | Dhadhungawuk marêpêki | Radèn Jaka lagya mucang | ginigit sadak ngênjêti | saksana sinuduk sadak | bêncah jajane ngêmasi ||
32. angêjèpi kancanipun | sadaya dipun wangsiti | sigra kinarocok sadak | ajur mumur rontang-ranting | Dhadhungawuk jisimira | apan ora dadi takir ||
33. tan ana liyane iku | sadak kinarya nyuduki | sagung bupati kang seba | kagyat samya aningali | pangrasane Radèn Jaka | anglunas kancanirèki ||
34. sêmana anulya katur | dhumatêng sri narapati | yèn Radèn Jaka anglunas | wong Kêdhu wismaning Pingit | tanpa dosa mung jinajal | sinuduk sadak ngêmasi ||
35. sang
--- 75 ---
nata kalangkung bêndu | muga ta sang ratu adil | Kyana Patih Wanasalam | tinimbalan praptèng puri | ing ngabyantara narendra | ngandika hèh kyana patih ||
36. apa sira nora wêruh | tingkahe Si Jaka Tingkir | matèni wong tanpa dosa | ki patih matur wotsari | pukulun putra paduka | maksih manah rare cilik ||
37. inggih dèrèng darbe maklum | kabujêng panas kang galih | ningali wong paksa lancang | sinuduk sadak kumlinting | ngandika Jêng Sultan Dêmak | enggal tundhungên dèn aglis ||
38. alasêna dèn agupuh | iku anyukêri bumi | wêtokna jabaning rangkah | aywa wèhi batur siji | dimèn dadi wong alasan | ki patih tur sêmbah mijil ||
15. Mijil
1. kyana patih sapraptaning jawi | panggih lan sang anom | dinawuhkên[22] wau timbalane | dika tampi dukane sang aji | andikaning aji | andika tinundhung ||
2. sampun dika angancik nagari | timbalan sang katong | Radèn Jaka sandika ature | dhuwunge nulya ngaturkên aglis | kancanira sami | sadaya rawat luh ||
3. prapta malih timbalan sang aji | sarwi bêkta kanthong | hèh ki patih punika diyate | bok sanèke manawa na prapti | paringêna iki | diyat limang atus ||
4. wus tinampan diyat mring ki patih | wau ta sang anom | lajêng saking paseban lampahe | datan ana kang ngiring satunggil | kampuhira sarwi | rumimonging bau ||
5. ya ta larut bayune sang pêkik | sumaput kang panon | lir kêna sinampirna awake |
--- 76 ---
kang tumingal wêlas aningali | tan bisa ningali | samarga rawat luh ||
6. sampun lêpas prapta ing wanadri | radèn prawira nom | anèng kali alingan pêpèrèng | manjing jurang-jurangira rumpil | siluk-siluk sungil | mangap singap-singup ||
7. kidul wetan ing gubug wanadri | gèn sang prawira nom | tansah wayang-wuyungan driyane | datan mantuk mring wismaning Tingkir | manawa ngèmbèti | marang wangsanipun ||
8. trênyuhing tyas kang kèsthi ing galih | dadyanggung wirangrong | katuwone raganingsun kiye | urip nora awor lawan jalmi | rama ibu lalis | anandhang papa gung ||
9. angur baya matia wak mami | dèn banjuta ingong | sirêp jalma nalika wayahe | saya trênyuh ing tyasnya gêng kikin |[23] aniba gumuling | sangandhaping waung ||
10. banyu banjir prahara dhatêngi | pring ori gumêrot | sindhung riwut prakêmpa gorangrèh | aliwêran păncawora tarik | angin awor riris | swarane gumuruh ||
11. mubêng lesus pan agêgêtêri | agrimis wraksa sol | sêmpal rampal kaprapal arame | lir ginonjing alas gonjang-ganjing | gênjot pinggir wukir | lèngsèr rug kaguntur ||
12. abusêkan isining wanadri | anggiwar agêro | pracalita gêtêr patêr dhèdhèt | pan kumêrut bêlêg erawati | pêpak samya nangis | wêlas mring sang bagus ||
13. mèh raina sêmu bang gêng grimis | guntur gêtêr angrok | sato wana wurahan arame | têdhuh dhêdhêt gumludhug ngêbêki | lor kidul amuni | kadya cêluk-cêluk ||
--- 77 ---
14. wus raina kèndêl ingkang riris | kang maruta alon | gêbyar ingkang baskara wêtune | Radèn Jaka wus lumampah aris | ngetan nurut wukir | jurang pèrèng parung ||
15. pan wus lami anèng ing wanadri | tan kauban wangon | kathah sarpa sima lawan banthèng | ciptaning tyas sokur angêmasi | nèng jajahannèki | wana Cêngkalsèwu ||
16. Sukalila anut kang arumpil | jurang pèrèng anjog | nyabrang Kêndhêng angidul lampahe | sabên-sabên dhukuh dèn ampiri | ya ta kang winarni | Kyai Agêng Butuh ||
17. tunggil lawan Ki Agêng ing Pêngging | dènira paguron | duk sêmana ki agêng kesahe | atirakat kang sinêdyèng galih | ajar kari siji | anèng gunung Bêlut ||
18. kapêranggul lan Ki Jaka Tingkir | Ki Buyut anguwoh | sira kulup rare apa rane | dangu-dangu Ki Gêdhe ningali | wong iki ing lathi | ana èmpêripun ||
19. sun têrkoa babo sira kaki | dèn corana bonyok | angakua ing ngêndi wijile | pasêmone mèmpêr kakang swargi | Kyai Agêng Pêngging | cahya ing pamulu ||
20. pan Ki Jaka aturira aris | ing Pêngging sayêktos | inggih Kyai Kênonga wartine | pêrnah bapa kawula kiyai | duk taksih rumiyin | gya rinangkul gupuh ||
21. tinangisan sirahe kinêmpit | adhuh sutaningong | mêlasasih têmên sasolahe | ya pagene katêmu nèng ngriki | Radèn Jaka Tingkir | matur solahipun ||
22. duk mêntase seda kakang swargi | ingsun atêtinjo [atê...]
--- 78 ---
[...tinjo] | iya sira ingsun takokake | wus digawa mring Nyai Gêng Tingkir | lêga ing tyas mami | ana ingkang mupu ||
23. mêngko sira katêmu nèng ngriki | radèn matur alon | saking Dêmak suwita sang rajèng | pan kawula kinèn anglurahi | ing wadya pinilih | wiratamtamèku ||
24. wus tinutur solahe ing nguni | purwane binêndon | apan sampun ingaturkên kabèh | Kyai Agêng ngungun duk miyarsi | wus binêkta mulih | sapraptaning Butuh ||
25. Kyai Buyut Ngêrang dèn utusi | prapta sabrang kulon | sapraptane kyai lon dêlinge | lah ta kakang punika nak mami | kang saking ing Pêngging | pan têtilaripun ||
26. Kyai Agêng Kênonga ing Pêngging | sira sok têtakon | Buyut Ngêrang amandêng liringe | adhuh nyawa milu ngêmpèk mami | anak mring sirèki | Ki Jaka anuhun ||
27. pan cinatur anèng Butuh lami | radèn prawira nom | kalih wulan nênggih ing lamine | pan winulang sakathahing ngèlmi | tingkah kang sayêkti | wêkasing tumuwuh ||
28. lan winulang wong dadya narpati | amêngku kaprabon | wutah kabèh Ki Buyut ngilmune | ingkang ngèlmu jaya wijayanti | lan Buyut Ngrang sami | nêlas wulangipun ||
29. duk sêmana katiga alinggih | Kyai Agêng Butoh | Buyut Ngêrang katiga rahadèn | datan kèndêl dènnya mituturi | sira iku kaki | bakal sakaguru ||
30. dèn prayitna bekaning dumadi | kang murungkên lakon | sira bakal pradandanan gêdhe | amêndhaka yèn ana nglancangi | bapang dèn simpangi [simpang...]
--- 79 ---
[...i] | ana catur mungkur ||
31. dêdalane guna lawan sêkti | saking andhap asor | wani kalah luhur wêkasane | kaya sira dhingin amatèni | ing wong magang dhingin | iku dudu laku ||
32. pan wus kocap laku dhingin-dhingin | saking andhap asor | ingkang padha pinunjul dadine | para ratu miwah pra dipati | ingkang luwih-luwih | padha wiwitipun ||
33. kang tinutur iya para nabi | kang mêngku kaprabon | apadene nabinira dhewe | Kangjêng Rasul niyakaning bumi | kênèng papa dhingin | wêkasane luhur ||
34. amung Nabi Suleman kang awit | karsaning Hyang Manon | pan kinarya nglairkên kodrate | amarentah sakèhing dumadi | tan sinung papa wit | mung sawiji iku ||
35. datan ana ngiriba samangkin | kamuktèn mêngkono | lamun ora mupakat wiwite | wus mulane dumununga mukti | pan wahyuning eblis | muktining panglulu ||
36. lah ta kulup muliha dèn aglis | mring Dêmak ywa adoh | bok jêng sultan ana pandangune | anglintêra sira kanan kering | yèn wus tita gusti | tan ana pandangu ||
37. iya nuli muliha mring Pêngging | lan ing Tingkir kono | bok ing têmbe yèn ana lilihe | sri bupati manawa nimbali | kawijilannèki | amêsthi jinujug ||
38. amung sira nêdhaa Hyang Widhi | asihe sang katong | pulung iku angalih badhene | arang tiba mring kang dèn sêngiti | pasthi kang dèn sihi | pangalihing pulung ||
39. dadyan[24] silih pinêsthi Hyang Widhi | aywa marga rusoh | basa rusuh mangkene têgêse | yèn darbea sira ciptèng batin |
--- 80 ---
risake sang aji | age sedanipun ||
40. age pulunge ngalihèng mami | kang mêngkono rusoh | cipta iku arusuh arane | dèn arèrèh dèn narimèng pasthi | satitahing Widhi | budi dèn rahayu ||
41. dèn patitis mring Kang Mahasuci | puji kang waspaos | lah pintanên nyawa kang agawe | bumi langit surya lawan sasi | jalukên dèn kêni | budia ing kayun ||
42. yèn dohêna kang sira jaluki | sayêkti yèn adoh | yèn parêkna atunggal ênggone | aywa kandhêg dening aling-aling | dêdalan patitis | gonira jêjaluk ||
43. Radèn Jaka padhang tyasirèki | miyarsa cariyos | langkung dene kaduwung lampahe | ingkang sampun kalakon ing nguni | èstu lamun sisip | manah wiwit sêpuh ||
44. Radèn Jaka tur sêmbah nuwun sih | Ki Agêng lingnya lon | pujiningsun siyang dalu kiye | lan ramanta Buyut Ngêrang iki | sira kang darbèni | wus mangkata kulup ||
45. wau radèn anêmbah gya pamit | wus lèngsèr mangalor | tan kawarna lampahe rahadèn | sampun prapta Dêmak têpis wiring | Radèn Jaka Tingkir | kasmaran kadulu ||
16. Asmaradana
1. ya ta Radèn Jaka Tingkir | sapraptanira ing Dêmak | amêlingakên kancane | wadya prawira tamtama | kathah prapta colongan | amanggihi radyan bagus | prasamya lara karuna ||
2. tanya Radèn Jaka Tingkir | kadya paranta sang nata | durung ana pandangune | iya marang raganingwang | matur wadya tamtama | inggih dèrèng wontên dangu | lamine wus pitung wulan ||
--- 81 ---
3. Ki Jaka manahnya alit | dene sampun pitung wulan | datan ana pandangune | radèn pamit kancanira | anutugakên lampah | kancane samya umatur | gih sampun têbih kewala ||
4. sêdya mantuk dhatêng Pêngging | lampahira Radèn Jaka | manggung sungkawa driyane | nèng marga katiwang-tiwang | anjujur wana pringga | sapraptaning Pêngging sampun | dêdagan kuburing rama ||
5. kunêng kawuwusa malih | wontên trahing Brawijaya | sêmpalan Jaran Panolèh | nama Arya Jămbaleka | saking ing Majalêngka | adhêdhukuh ing Talpitu | sukune Ardi Dumilah ||
6. Ki Jămbaleka winarni | adarbe atmaja priya | Ki Mas Mănca pêparabe | kang rama alul martapa | anênggih Ki Mas Mănca | datan arsa nunggil iku | ênggoning martapèng rama ||
7. sêdya martapa pribadi | wau sira Ki Mas Mănca | pasisir kidul karsane | lampahe kalunta-lunta | nulya ingambil putra | mring Ki Buyut Banyubiru | kang dhêdhukuh kidul Balak ||
8. sakilèning Ngatasaji | dadya kèndêl anèng Balak | langkung sangêt pangandhêge | Ki Buyut angambil putra | kalangkung trêsnanira | mring Mas Mănca Kyai Buyut | kadya gènira ayoga ||
9. Ki Buyut waspadèng gaib | lamun sira Ki Mas Mănca | ngêmbani ratu badhene | cahyane sampun katingal | sêlaning alis ana | pulung êmbananing ratu | Ki Buyut pan datan samar ||
10. kêkalih kadange nênggih | Ki Banyubiru punika | Buyut Majasta namane | lawan Ki Wuragil ika | ing Majasta [Ma...]
--- 82 ---
[...jasta] sêsuta | Jaka Wila wastanipun | kinadangkên lan Mas Mănca ||
11. mangkana winuwus malih | wau ta ingkang dêdagan | anèng kubure ramane | Kyai Agêng Pêngging ika | sira Rahadèn Jaka | lagya angsal kawan dalu | ana swara kapiyarsa ||
12. ujaring swara dumêling | hèh aja sungkawa sira | angidula ngetan kene | angèngèra wong dhêdhêkah | sakidul desa Balak | Ki Buyut ing Banyubiru | pituture lakonana ||
13. duk sare arêmrêm pitik | jênggirat kagyat rahadyan | anulya kesah ge-age | sanake tan ana wikan | wanci bangun raina | lampahe rahadèn bagus | lêpas lampah ngidul ngetan ||
14. datan kawuwus ing margi | lampahe Rahadèn Jaka | wus prapta ing Balak lore | atanya wong dhangir kapas | pundi dhêkah ing Balak | Kyai Buyut Banyubiru | sumaur kidul punika ||
15. ya ta Radèn Jaka Tingkir | ing Banyubiru wus prapta | kèndêl jawining dhadhahe | sajawining pakarangan | radèn alon têtanya | tinuduhkên sampun laju | Ki Buyut kang kawuwusa ||
16. alênggah lawan kang rayi | Ki Wuragil Ki Majasta | punika samya arine | wau Ki Buyut Majasta | tan dangu nulya prapta | katiga samya alungguh | sakawan lawan Mas Mănca ||
17. Kyai Banyubiru angling | mêngko ingsun dhêdhayohan | bakal panjênêngan rajèng | kang mêngku rat tanah Jawa | tan dangu katingalan | sigra Buyut Banyubiru | mudhun sarwi latah-latah ||
18. kang rayi kêkalih angling | lah kakang wontên punapa |
--- 83 ---
tumurun langkung sukane | Ki Buyut gumuyu ngakak | têtamuningsun prapta | kang sêsotya mèh tumimbul | kari saliliring kênthang ||
19. Kya Buyut mêthuk aglis |[25] Rahadèn Jaka cinandhak | dhuh gusti nyawa nah anggèr | radèn arsa atur sêmbah | Ki Buyut kipa-kipa | adhuh lae sampun-sampun | kamangkara atur sêmbah ||
20. pan badhe gulung nagari | amêngku rat tanah Jawa | sigra atata lênggahe | Ki Buyut alon ngandika | hèh Ki Mas Mănca sira | ngabêktia wong abagus | iya iku gustinira ||
21. pan wus karsaning Hyang Widhi | sotya êmbana kancana | sigra dènnya awotsinom | wau sira Ki Mas Mănca | nulya tata alênggah | Ki Buyut ing Banyubiru | kalangkung ing trêsnanira ||
22. cinarita tigang sasi | nèng Banyubiru rahadyan | Ki Buyut nêlas wulange | ngèlmu jaya kawijayan | widagda ing kadibyan | miwah ngèlmu dadi ratu | Ki Buyut wulange nêlas ||
23. kadangipun kang wuragil | Ki Wuragil namanira | Ki Buyut Majasta mangko | anake Ki Jaka Wila | pinundhut ingkang raka | Kyai Buyut Banyubiru | tinumutkên mring rahadyan ||
24. lah anggèr sêdhênge mangkin | masang tibaning nugraha | dika kondura rahadèn | marang nagari Bintara | mupung ramanta sultan | ing rêndhêng mangsanya iku | cangkrama ngardi Prawata ||
25. andika ngatingal nuli | pun bapa bêktani tumbal | kang dadya sarat masrute | kawula bêktani lêmah | lolohên nèng maesa | yèn angsal maesa danu | dimène ngamuk kewala ||
--- 84 ---
26. mri[26] pasanggrahan narpati | măngsa wontêna kang nyăngga | liyane andika radèn | rayi dika Ki Mas Mănca | sagène sampun pisah | Ki Wila Wuragil iku | rumêksa ing gustinira ||
27. Ki Buyut sigra ngundhangi | marang anak putunira | Ki Buyut lon andikane | hèh putu padha karyaa | gèthèk ingkang prayoga | ya badhe titihanipun | Radèn Jaka mêdal toya ||
28. milir marang ing bênawi | saking toya wilis ika | iya anjog kali Dêngkèng | pan ing Banyubiru ika | kidul Dêkèng[27] prênahnya | ing êlore Wukirkidul | kidul wetan Pamasaran ||
29. Ki Buyut awanti-wanti | lêmah punika ing benjang | lolohna maesa age | maesa danu punika | inggih kang dados sarat | jalaran dika dinangu | marang Jêng Sultan Bintara ||
30. radèn tur sêmbah gya pamit | lawan sira Kismănca |[28] katiga Ki Wuragile | sêkawan Ki Jaka Wila | sarêng pamit anêmbah | Ki Buyut Majasta tumut | lajêng mantuk mring Majasta ||
31. wus mangkat sêkawan nuli | ing Banyubiru punika | ngatêrakên kali Dêkèng | wus numpak gèthèk sadaya | toya gêng santêr ika | Ki Wira Wuragil iku | kalih samya bêkta satang ||
32. Ki Mas Mănca wêlahnèki | kalawan Rahadèn Jaka | tan cinatur ing milire | wus prapta dhukuh Majapta |[29] tigang dalu nèng kana | nulya lajêng lampahipun | apungkur dhukuh Majasta ||
17. Pangkur
1. sampun anjog ing bêngawan | gèthèk milir nalika asar kang wanci |[30] Kêdhung Srêngenge duk rawuh | mêndhung riris wor barat | ing nalika ana [a...]
--- 85 ---
[...na] katon lare ngangsu | tinakonan mring Mas Mănca | sira iki rare ngêndi ||
2. ponang rare nulya musna | gèthèk mubêng pan ora bisa milir | amilir-milir kawangsul | winêlah nora kêna | pan sinatang datan jajag satangipun | ngalor ngidul aputêran | datan antara kaèksi ||
3. baya gêbèl pan angrangap | pinggir Kêdhung Srêngenge pan ngêbêki | molah toya lir kinêbur | bajul ingkang bêbegal | pan kinongkon bajul marang ratunipun | ratune Ki Baurêksa | Jalumampang kang tinuding ||
4. bêkta tigang atus bala | sigra gujêg kang gèthèk dèn gendholi | Wuragil Wila andulu | jungkêl kalêngêr mulat | ya ta radèn alon dènira amuwus | hèh yayi dipun prayitna | bilai agêng dhatêngi ||
5. kang gèthèk alumba-lumba | Ki Mas Mănca sinaut anadhahi | sinaut lajêng agêlut | kuwat Jaka Amănca | bajul siji binanting binuwang mamprung | tibèng dharatan gya pêjah | kang kari ngêbyuk belani ||
6. gêbèl pinggir gèthèk ngrangap | radèn angling yayi dèn ngati-ati | sira jaba jêro ingsun | aywa yayi pêpeka | sigra radèn anggêbyur malêbèng kêdhung | katingal baris agabag | lir ratu amangun jurit ||
7. gègèr praptanira radyan | lajêng mangsah angamuk radèn mantri | andhupak jêjak anapuk | anyandhak ngadu kumba | sarêng ngamuk rahadèn kalangkung liwung | saking pangrêksaning Suksma | mungsuh ngisis kèh ngêmasi ||
8. singa mangsah sarêng pêjah | niru butah kahadèn [ka...]
--- 86 ---
[...hadèn][31] tan kumingsir |[32] kinêrêg-kêrêg sinaut | wêntala datan pasah | yèn abanting rinangkêp tiga malêduk | rangkêp sakawan binucal | malêdug tan măngga pulih ||
9. bramantya ratuning baya | mulat lamun balane akèh mati | Baurêksa mangsah kiwul | rahadyan tinarajang | gya sinaut têpung kabèh angganipun | agênge Ki Baurêksa | sabongkoting tal gêngnèki ||
10. ilate kadya daludak | anglir kapurancang utunirèki |[33] ulêse pêthak lir kapuk | netra kadya mutyara | Radèn Jaka sinaut-saut marucut | amubêng nèng sukunira | kinipat lumumpat kuping ||
11. rinogoh ilate kêna | lumba-lumba radèn kukuh tan osik | bêngawan kadya kinêbur | ya ta kang anèng dharat | Ki Mas Mănca arame pêluk-pinêluk | lawan Patih Jalumampang | adangu banting-binanting ||
12. cinandhak Sang Jalumampang | gya binanting tiba dharatan têbih | malêduk nèng kayu sêrut | pêjahe Jalumampang | bajul kathah kang mara-mara kacakup | gêlasah binuwang dharat | kang urip pating karêmpis ||
13. Mas Mănca tuhu prawira | pan wus kawon bajul kang anèng nginggil | Ki Wuragil Wila sampun | wungu samya tumingal | dene kathah bajul gêlasah kang lampus | ya ta ingkang anèng toya | Baurêksa wus kajodhi ||
14. arsa polah datan bisa | sampun nungkul balane dèn sapihi | kang samya sêdya têtulung | radèn alon ngandika | iya apa panungkulmu marang ingsun | matur sang narpati baya | punapa pinundhut [pinu...]
--- 87 ---
[...ndhut] gusti ||
15. Radèn Jaka angandika | ingsun mundhut pajêg bajul sirèki | siji-siji sabên taun | Baurêksa turira | inggih gusti sumanggèr karsa pukulun | inguculakên saksana | nulya byar katon jro puri ||
16. andhêndhêng kadhatonira | Baurêksa sineba jroning puri | rahadyan sinuhun-suhun | asri kadhatonira | cinarita Radèn Jaka tigang dalu | anèng kayanganing baya | nulya mit radèn wus mijil ||
17. Ki Baurêksa tut wuntat | angatêrkên sajabaning jro puri | lawan angaturi bajul | kawan dasa ngatêrna | anyănggaa gèthèke rahadèn bagus | prapta ing jawi rahadyan | wus minggah ing gèthèk milir ||
18. wus panggih rencang sadaya | samya ngungun radèn dipun tangisi | anyana kalamun lampus | anèng sajroning toya | radèn angling lah uwis padha rahayu | ana pangrêksaning Suksma | mring sira kalawan mami ||
19. ratuning baya wus kêna | wus kajodhi lawan ingsun ing jurit | kang dadi panungkulipun | iya Si Baurêksa | pajêg bajul siji-siji sabên taun | Ki Mas Mănca atur sêmbah | mêgatruh rasaning galih ||
18. Mêgatruh
1. sigra milir kang gèthèk sinăngga bajul | kawan dasa kang jagèni | ing ngarsa miwah ing pungkur | tanapi ing kanan kering | kang gèthèk lampahnya alon ||
2. wus binuwang wêlah lawan satangipun | Ki Wila lawan Wuragil | eca prasamya pitêkur | angadhêp mring gustinèki | bakda ngisa praptèng Bêton ||
3. lampahnya lon [lo...]
--- 88 ---
[...n] sirêp rare praptèng Butuh | rahadèn ika tan pangling | lamun laladan ing Butuh | arsa kèndêl radèn pêkik | amangsit bajul kang gendhong ||
4. ingkang gèthèk ginêdhog-gêdhog ping têlu | bajul samya mirsa wangsit | ing wangsite radèn bagus | anulya binêkta mingkir |[34] kang gèthèk cinancang alon ||
5. mring Ki Wila lawan Ki Wuragil sampun | cinancang witing kuwèni | akukuh cinancang êduk | karipan samya aguling | sadaya samya kuwayon ||
6. samya eca sadaya dènira turu | Ki Agêng Butuh winarni | ing wancine têngah dalu | tumingal padhanging wêngi | ana gumêbyar saking lor ||
7. sigra têdhak wau Kyai Agêng Butuh | apa ingkang padhang iki | padhange pan kaya wahyu | nanging nora maring mami | kaya cahyaning kaprabon ||
8. praptèng pinggir kali Kyai Agêng Butuh | wong papat guling kêpati | sanginggiling gèthèk wau | kang sawiji dèn tungkuli | cahyane mancur sang anom ||
9. sakêlapa têkan ing satabonipun | Kyai Agêng Butuh angling | dene iki anak ingsun | têka turu pinggir kali | Ki Buyut anguwoh-uwoh ||
10. hèh ta kulup sira tangia karuhun | abêtah têmên sirèki | sare ana pinggir banyu | tan wruh dutaning Hyang Widhi | cahya nurbuwat kang mencok ||
11. nulya wungu kagyat ana nguwuh-uwuh | ting gregah wus mêntas sami | katingal Ki Agêng Butuh | jumênêng nèng pinggir kali | nulya radèn awotsinom ||
12. gya rinangkul pagene ta sira kulup |
--- 89 ---
turu nèng pinggiring kali | nulya rahadèn umatur | sasolah tingkahing nguni | purwa wêkasaning wartos ||
13. duk miyarsa ki agêng amanthuk-manthuk | iya talah sira kaki | pinarêng padha rahayu | paran ta ingucap malih | wahyu pan wus ngalih ênggon ||
14. wis binêkta kang putra mring dalêmipun | wus tata prasamya linggih | Ki Agêng Ngêrang wus rawuh | nulya samya tata linggih | Ki Buyut Ngêrang têtakon ||
15. wus tinutur ing purwa wêkasanipun | Ki Buyut Ngrang duk miyarsi | ngungun sokur ing Hyang Agung | cinatur satêngah sasi | gènira kèndêl nèng Butoh ||
16. angandika Kiyai Agêng ing Butuh | lêga têmên ing tyas mami | lah payo mangkata gupuh | mupung ramanira aji | anèng Prawata lagyandon ||
17. nulya nêmbah apamit rahadèn bagus | Ki Agêng ngatêr nèng kali | lan Ki Buyut Ngrang puniku | wus numpak ing gèthèk sami | lajêng milir lampahnya lon ||
18. bajul saking Kêdhung Srêngenge puniku | ingkang ngayap gèthèk sami | asuka pating galêbyur | swarane bajul nèng warih | akathah kang samya badhog ||
19. sugatane bajul sapêngisor iku | atata pan kadya jalmi | singa kadalanan suguh | kongkonane ratunèki | anggilir bajul kang gendhong ||
20. bajul saking ing luhur prasamya nganggur | amung sami anjagani | angiring samya nèng pungkur | giliran samargi-margi | kunêng kocaping cariyos ||
21. salèr wetan Majênang bêngawan nikung | gèthèk ginêdhog ping kalih | bajul myarsa wangsitipun | anulya binêkta minggir |
--- 90 ---
radèn nulya mêntas alon ||
22. tinatasan sadaya kang gèthèk sampun | kang bajul samya udani | ing wangsite radèn bagus | kalamun karyane uwis | wangsite radèn wus anon ||
23. kang anggendhong gèthèk sadaya wus wangsul | ya ta wau radèn mantri | kèndêl sangandhaping Bulu | ana wong babad marani | pan sarwi anyangking pecok ||
24. atêtanya wong papat kang samya ngaub | anak pakênira pundi | rahadèn alon sumaur | ing Dêmak manira iki | ngêndi dalane kang anjog ||
25. ing Prawata pundi prênahe kang gunung | angalèr ngilèn puniki | rahadèn lingira arum | apan alasira iki | iya besuk dadi dhukoh ||
26. aranana desa ing Tindak puniku | kawit ingsun tindak iki | saking ing bêngawan iku | wong kang babad anauri | gih benjing yèn dadi dhukoh ||
27. nulya lajêng rahadèn ing lampahipun | anurut jurang kang rumpil | wus lêpas ing lampahipun | wong papat tan angsal margi | ambêrêg maesa gupoh ||
19. Durma
1. sampun prapta jajahan wukir Prawata | kèndêl rahadèn mantri | dening sampun cêlak | kalawan pasanggrahan | wong catur anèng wanadri | ucal maesa | andanu kang prayogi ||
2. pan wus dangu ucal maesa tan angsal | nulya ana kaèksi | kinêpung wong papat | cinêkêl mring Mas Mănca | ponang maesa tan osik | wus linolohan | lêmahing Banyuwilis ||
3. têtimbule Ki Buyut wawêlingira [wawêlingi...]
--- 91 ---
[...ra] | dupi kalêbon siti | ambêkos jênggirat | mandêlik kipat-kipat | agèdhèg-gèdhèg mucicil | lir singa lodra | ambêkos kirig-kirig ||
4. wus anginthar minggah mring ardi Prawata | ing pasanggrahan prapti | angamuk pondhokan | nujah angundha-undha | gidra-gidro ngobrak-abrik | gègèr puyêngan | kêbo ambilaèni ||
5. pan rinampog binêdhilan tan tumama | têguh kapati-pati | kathah kapracondhang | para mantri ing Dêmak | kang sinundhang angêmasi | kang nora pasah | mati dèn uli-uli ||
6. pan gumuruh kapiyarsa pasanggrahan | katur marang sang aji | yèn danu maesa | tan pasah dening braja | kadrawasan pra mantrining | wadya prawira | tamtama dèn timbali ||
7. asanega wadya prawira tamtama | nêdya arsa ngêmbari | prapta umbul tiga | umangsah karo tangan | amajua gênti-gênti | kêbo cinandhak | sirahe dipun bithi ||
8. yèn sabêne wadya prawira tamtama | datan kongsi ping kalih | yèn napuk maesa | muncrat sumyur sirahnya | mung punika tan nyampuni | mênggah sadaya | saya galak nglangkungi ||
9. yèn sinundhang wadya prawira tamtama | iya nora ngênèni | sunguning maesa | kumêdul lambungira | ingundha tininggil-tinggil | pan ora pasah | sayah dèn uli-uli ||
10. tinulungan gantya kang samya umangsah | lêsah dipun bijigi | apan ora pasah | sariranira lupa | tamtama nglêmpuruk sami | pating balêsar | tan ana măngga pulih ||
11. sangsaya sru maesa pangamukira |
--- 92 ---
kêbo angobrak-abrik | miwah pra dipatya | kathah sayah dèn undha | binarondong dening bêdhil | datan tumama | pan kadya kulit wêsi ||
12. apan iku wus kalêbon têtimbulan | lêmahing Banyuwilis | marmane kalintang | têguh prakosanira | mimis datan angênèni | myang mimis waja | kabèh kadya gulali ||
13. Sultan Dêmak sigra minggah pêpagungan |[35] apan arsa udani | solahing maesa | kang sangêt karya gita | duk tumingal sri bupati | ngungun jroning tyas | têmên mesa ngajrihi ||
14. pan kinêpung wau saking katêbihan | singa katêmpuh ngisis | sultan langkung duka | ya ta wau tumingal | wong papat samya ningali | kang anèng ngarsa | nênggih Ki Jaka Tingkir ||
15. kangjêng sultan gupuh dènira tumingal | nulya utusan aglis | juru timbalana | Si Jaka Tingkir ika | tarinên ngêmbari iki | mesa kang krodha | yèn uga anguwisi ||
16. sun apura saluputing putraningwang | samana amarêngi | lilih kangjêng sultan | Ki Jêbat Juru sigra | rahadèn dipun plajêngi | Mas Mănca mulat | jawil mring radèn mantri ||
17. lah paduka punika pinalajêngan | rahadèn dhodhok aglis | Jêbat Juru sigra | dhawuhakên timbalan | anggèr timbalaning gusti | punapa dika | purun inggih ngêmbari ||
18. amrawasèng maesa danu kandhuhan | radyan umatur aris | yèn wontên timbalan | nadyan silih wêwaha | sapta maesa puniki | prapta ing pêjah | datan nêdya gumingsir ||
19. Jêbat Juru lumajêng praptèng ngayunan | matur saaturnèki [sa...]
--- 93 ---
[...aturnèki] | ing putra paduka | pêjah gêsang sumăngga | sigra ngandika sang aji | kinèn nêmbanga | galaganjur tumuli ||
20. undhangêna si apatih pra dipatya | dèn rame anyuraki | nulya dhinawuhan | patih lan pra dipatya | galaganjure wus muni | kêbo miyarsa | jênggirat ambêkosi ||
21. nulya radèn majêng mangsah lawan asta | maesa amarêngi | anumbug angundha | rame maksih dèn uja | pinrih sukane sang aji | angundha-undha | anulya dèn lumpati ||
22. tinadhahan rahadèn ingundha tiba | kaplèsèt gigirnèki | kang buntut cinandhak | sinêndhal asta kiwa | jêbol sigra ngolang-aling | anglumba-lumba | mungsêr numbug bijigi ||
23. awurahan surake lor kidul wetan | anumbug bijig bêrik | tinadhahan dhadha | wus dangu gya cinandhak | binanting anulya mijil | lêmah timbulan | kang saking Toyawilis ||
24. wus anglumpruk maesa tan darbe karkat | suka sri narapati | tuhu yèn prawira | Si Tingkir sutaningwang | sigra nulya dèn timbali | praptèng ngayunan | ulatnya sêmu manis ||
25. Radèn Jaka Tingkir ingantukkên nulya | kalurahanira lami |[36] prawira tamtama | sang nata angandika | ingsun arsa kondur kya patih |[37] angundhangêna | sagung bala dipati ||
26. kyana patih mijil angundhangi bala | jêngkar sri narapati | sing wukir Prawata | swaraning awurahan | dasih tan kawarnèng prapti | nagari Dêmak | Jêng Sultan malbèng puri ||
27. Radèn Jaka wus ngulihi gyannya lama | suka kancane [kanca...]
--- 94 ---
[...ne] lami | gantya winuwusa | Lêmbu Pêtêng Rahadyan | ing Tarub kramantuk dening | nênggih sang rêtna | putri Tarub Nawangsih ||
28. sasedane kang rama nguni rahadyan | Lêmbu Pêtêng wus nami | Kyagêng Tarub ika | satunggil putranira | Gêtaspandhawa Kiyai | Gêtaspandhawa | punika asêsiwi ||
29. nama Kyagêng ing Sela pan kawarnaa | anyêpêng gêlap kêni | jêng sultan samana | undhang arsa pêpara | mring Kalijaga mondhongi | mring sang pinalênggah |[38] Kalijaga mayêki ||
30. wus samêkta punang bala sigra budhal | sang prabu pan kairing | wadya tigang lêksa | tuwin kang pra dipatya | busana mawarni-warni | lir wukir sêkar | sang prabu nitih èsthi ||
31. sampun lêpas lampahnya wau sang nata | ing marga tan winarni | Carêbon Sang Nata | nèng dhukuh Kalijaga | lan sang wiku apêpanggih | wau jêng sultan | ngaras suku ngusapi ||
32. ing padanya sarya matur angrarêpa | mondhongi Dêmak nagri | sang pandhita arsa | nyugata para wadya | sêsaos gêdhong pribadi | kang pra dipatya | satriya para mantri ||
33. jêng sinuhun mung ngliwêt kêndhil sajuga | kêndhil Siyêm puniki | sarwi solèt bêkta | ngubêngi sang ayogya | ngêdhuk liwêt nèng ngarêping | para dipatya | pyambak lan bala sami ||
34. datan têlas isining kêndhil sajuga | binukti anuwuki | bala tigang lêksa | bikut panadhahira | wah kinêdhuk paran dening | pan dèrèng têlas | wong tri lêksa ngrahmati ||
35. sakalangkung prasamya nikmating jasad | mangkana sang ayogi | kerid praptèng Dêmak | sakarsèng [sakar...]
--- 95 ---
[...sèng] sinung papan | pundi ingkang dèn karsani | milih sumăngga | ing Ngadilangu apti ||
36. padhukuhan dahat awoning pribadya | kang pênêd datan apti | Ngadilangu mila | pinilih sarjunira | data tita sri bupati | kang cinarita | nênêm putranirèki ||
37. ingkang sêpuh wanodya adhaup angsal | Kyagêng Langgar wêwangi | putra Kyagêng Sampang | jalu malih panênggak | pangeran arya puniki | nuntên arinya | èstri krama pan olih ||
38. Pangran Kalinyamat ran Ratwalinyamat | rayi malih pawèstri | pinaringkên marang | Jaka Tingkir Dipatya | ing Pajang tinanêm nagri | malih wanodya | Ratu Kambang kang buncit ||
39. nama Radèn Timur nênêm jangkêpira | kangjêng sultan kang rayi | pangeran punika | Seda Kali samana | tilar putra mung satunggil | jalu tur pelag | Dyan Panangsang wêwangi ||
40. wus tinanêm anèng nagara ing Jipang | dadya pangran bêbisik | Ariya Panangsang | ing Pajang winursita | kilèn wetan Butuh sami | arsa binabad | wetan Pêngging kinardi ||
41. kitha agêng kathah ingkang atut wuntat | wus dadya kang nagari | dahat arjanira | samana Kangjêng Sultan | ing Dêmak nandhang grah lami | sigra palastra | ing Pajang madêg aji ||
--- [96] ---
Pratelaning Kalêpatan
[Ralat sudah dimasukkan langsung ke dalam teks.]
1 | Lebih satu suku kata: timbalane sang aprabu (kembali) Lebih satu suku kata: timbalane sang aprabu |
2 | Kurang satu suku kata: Kyai Agêng Pênggingira (kembali) Kurang satu suku kata: Kyai Agêng Pênggingira |
3 | Kurang dua suku kata: ing ngriki wontên punapa (kembali) Kurang dua suku kata: ing ngriki wontên punapa |
4 | nora marêm (kembali) nora marêm |
5 | yèn (kembali) yèn |
6 | angombang (kembali) angombang |
7 | sumaur (kembali) sumaur |
8 | ngungkabi (kembali) ngungkabi |
9 | Kudus (kembali) Kudus |
10 | iki (kembali) iki |
11 | Dhandhanggula (kembali) Dhandhanggula |
12 | Kurang satu suku kata: ya ngalaekum salam (kembali) Kurang satu suku kata: ya ngalaekum salam |
13 | pitungatus (kembali) pitungatus |
14 | dêdêge (kembali) dêdêge |
15 | lajêng (kembali) lajêng |
16 | prapti (kembali) prapti |
17 | pandangune (kembali) pandangune |
18 | ambujung (kembali) ambujung |
19 | abagus (kembali) abagus |
20 | anggèr (kembali) anggèr |
21 | anggêr (kembali) anggêr |
22 | dhinawuhkên (kembali) dhinawuhkên |
23 | kingkin (kembali) kingkin |
24 | nadyan (kembali) nadyan |
25 | Kurang satu suku kata: Kyai Buyut mêthuk aglis (kembali) Kurang satu suku kata: Kyai Buyut mêthuk aglis |
26 | mring (kembali) mring |
27 | Dêngkèng (dan di tempat lain) (kembali) Dêngkèng (dan di tempat lain) |
28 | Kurang satu suku kata: lawan sira Ki Mas Mănca (kembali) Kurang satu suku kata: lawan sira Ki Mas Mănca |
29 | Majasta (kembali) Majasta |
30 | Lebih satu suku kata: gèthèk milir nalika asar wanci (kembali) Lebih satu suku kata: gèthèk milir nalika asar wanci |
31 | rahadèn (kembali) rahadèn |
32 | gumingsir (kembali) gumingsir |
33 | untunirèki (kembali) untunirèki |
34 | minggir (kembali) minggir |
35 | pêpanggungan (kembali) pêpanggungan |
36 | Lebih satu suku kata: klurahanira lami (kembali) Lebih satu suku kata: klurahanira lami |
37 | Lebih satu suku kata: sun arsa kondur kya patih (kembali) Lebih satu suku kata: sun arsa kondur kya patih |
38 | Lebih satu suku kata: mring sang alênggah (kembali) Lebih satu suku kata: mring sang alênggah |