10. Sinom
1. wontên carita anyêbal | saking jêjêring narpati | nanging dhaup wingkingira | karsaning dewa kang luwih | karya lampahan nagri | elok lawan majadipun | desa Pêngging kocapa | raryalit kang dadya wiwit | kalumpukan lan angon lêmbu maesa ||
2. akathah rare atusan | akale ing bocah cilik | akarya ukur-ukuran | sapa ta ingkang pinanggih | ukur sanga dadya ji | kinarya rêratonipun | wontên rare satunggal | ukure sanga pinanggih | nanging busuk tan purun pinanggih kathah ||
3. saking Buyut Pêngging ika | plêsatan sing Majapait | morod saking pakumpulan | lajêng dênnya matiragi | nèng sela anggêlinting | ingulatan wus kapangguh | raryyalit klumpuk bêras | ingusung marang wanadri | gadhahaning bapa biyang cinolongan ||
4. kêndhil kêndhi dandang klasa | binêkta mring wana sami | kêbo kang dèn ngon pinragat | sabên dina siji-siji | pinênging nora kêni | sinrêngênan ngalih nglumpuk | royoman olah-olah | bapakne samya nabêti | tan marèni malah mandar samya dadra ||
5. ing dalu arêrêmbugan | kang badhe kinarya aji | kang kêpanggih ukurira | ingulatan tan kêpanggih | dadya rare satunggil | kang badhe kinarya ratu | anake Umbul Dibya | wus rêmbag sadaya sami | lan anake kaume sampun arêmbag ||
6. sêmana ing dina Soma | wus samya kumpulan malih | akarya taratag rambat | miwah kang bangsal pêngrawit | reka-reka wus dadi | tuwin badhe alun-alun | lawan rekaning [reka...]
--- 49 ---
[...ning] pura | wismane rakit wus dadi | anak umbul sêmana wus binusanan ||
7. nulya dadya ratunira | lininggihkên reka kanthil | sineba mring rare kathah | kang măngka patih ngundhangi | ing mangke sri bupati | ing Pêngging jêjulukipun | Prabu Driya Sêngara | raryyangon sadaya sami | saur pêksi ngèstrèni jênênging nata ||
8. nulya ngujung lir karatyan | kumroyok kang raryya alit | gya kondur marang ing pura | tata ngiring rare èstri | rekane ngampil sami | sapraptanirèng kadhatun | manahe mêlang-mêlang | tan eca dènira guling | pan akathah rinasa lan kang katingal ||
9. antaranira sawulan | dènira jumênêng aji | sinêmbah ing rare kathah | manahira minggrang-minggring | sêmana wus ngêmasi | jro pura reka gumuruh | tangise pra wanita | wadya rare nglumpuk sami | ingkang layon apan sampun binêcikan ||
10. rare angon wus kumpulan | rêrêmbagan kang dadya ji | sapa yogyane gumantya | raryyangon sêmene iki | ubaya dina Kêmis | arsa dadèkakên ratu | naking Umbul Prawira | sêntanane mring kang lalis | wusnya rêmbag raryyangon kang pinituwa ||
11. wus mragad lêmbu maesa | kinarya bojana sami | sadalu samya lah-olah | akarya sajèn prasami | sawuse samya dadi | kawarnaa enjangipun | rare kumpul sadaya | nujoni dina Rêspati | sinadhiyan rare kang badhe ingangkat ||
12. sêmana nulya ingangkat | jinênêngakên narpati | sinêmbah ing rare kathah | ingundhangan wus ngèstrini |[1]
--- 50 ---
anake kaum nuli | dongani an gumuruh |[2] ambêngan pirang-pirang | bojana drawina sami | lan ratune raryyangon langkung sukanya ||
13. wun[3] kondur malêbèng pura | ingayap para pawèstri | kasukan sajroning pura | lan rarèstri alit-alit | pan namung tigang ratri | sang nata rare gya lampus | tangisisa[4] gumêrah | orêg rare angon sami | ingkang măngka pituwa ngumpul sadaya ||
14. kang layon sampun pinêtak | anggrêgut kang rare sami | rêmbagan sarowangira | priye sanak-sanak iki | dene datan kuwawi | ingsun junjung dadi ratu | nora kêlar sinêmbah | sapa baya kang kuwawi | angupaya prayogane kang kuwawa ||
15. anake nujum cinoba | kirane iku kuwawi | wit ki nujum sugih japa | kêlar dipun kabêktèni | pilih ingkang prayogi | ingkang bagus warnanipun | pasthi kêlar sinêmbah | anake nujum prasami | samya maras yèn jinunjung dadya nata ||
16. jrihe tan kenging suminggah | apan wus rêmbug prasami | iyêg dènnya karya nata | sapa-sapa kang pinilih | ukure kang pinanggih | tan kêna nyelaki iku | pinêksa rare kathah | wus rêmbug rare satunggik |[5] binusanan arsa jinunjung narendra ||
17. wus mragad lêmbu maesa | kinarya bujana sami | raryyangon kumpul sadaya | arsa ngadêgkên narpati | wus linênggahkên kanthil | sinêmbah rara[6] sadarum | nulya samya bujana | salamêt madêg narpati | num-inuman sadaya asuka-suka ||
18. wus dadya antaranira | sadina sawêngi mati | pan ora kuwat sinêmbah | rare samya sêdhih kingkin |
--- 51 ---
dènira karya aji | kaping tiga samya lampus | tan kêna sinuwawa | malati karaton iki | pan wus tita tan wontên purun kinarya ||
19. wus samya apirêmbagan | tanna karsa angunduri | awirang ucaping jalma | kasusra tatăngga dèsi | dene ta lamun dadi | bocah angon pêksa luhung | dadya rare akathah | samya rêmbag amrêsudi | apêpanthan wau dènira tirakat ||
20. ana ingkang manjing wana | manjing guwa ingkang wêrit | sawênèh minggah ing arga | pakuburan anênêpi | asupe mangan guling | dènnya mrih wangsid dewa gung | rare satus pêpanthan | tuwin kang munggah ing wukir | dènnya tilêm sadaya sami kêkadhar ||
21. ana turu ngara-ara | nuju wanci lingsir wêngi | raryyakèh sami miyarsa | yèn ana swara dumêling | sakèhe rare sami | kapengin aduwe ratu | pan iya uga ana | ingkang bakal ratunèki | apan dudu anake wong bêndarakan ||
22. anake buyutku uga | ingkang sira siya sami | kang rare balilu dhawak | golèkana dèn kapanggih | iku gawenên aji | sadaya sami karungu | nulya ngulati samya | rare balilu ing nguni | pan kêpanggih turu nèng watu kêmlasa ||
23. raryyakèh sami asila | angubêngi sela sami | pramilane apan samya | abukuh ngadhêp kang guling | ya ta ingkang ngukuli | kagyat dènira aturu | tangi myat rare kathah | angêpung sila prasami | adhêrodhog ajrih lamun pinêjahan ||
24. lumèngsèr nulya lumaywa | raryyakèh nulya tut wuri | wênèh gendholi ing wuntat |
--- 52 ---
anak buyut datan apti | mêksa dipun cêpêngi | kang nyêpêng prasamya ambruk | kathah ingkang kuwalat | Jaka Bodho kang kinapti | sigra kesah kapêthuk Raja Sindhula ||
25. sumurup marang ing raryya | nata pandhita anunggil | mring Jaka Bodho punika | anulya adarbe osik | bok sun gêlêm kinardi | ing raryyakèh dadi ratu | sêmana wus ingangkat | linênggahkên reka kanthil | cahyanira salin kalangkung gumawang ||
26. raryyangon seba sadaya | gangsal atus winitawis | kang alênggah dhampar rekan | hèh sakèhe bocah sami | sira padha dèn bêkti | mituhua ujar ingsun | ingsun jumênêng nata | ana nagara ing Pêngging | kabèh bocah padha sira ngèstokêna ||
27. dene ta jêjuluk ingwang | Sri Makurung aran mami | raryyangon ajri[7] sadaya | sandika sami jurungi | lan ebat aningali | cahyane kang dadya ratu | konjêm pasilanira | sadayane ajrih asih | Sri Makurung osiking tyas apan arsa ||
28. akarya pêpatihira | adangu mring rare alit | Umbul Logêndèr ta apa | duwe anak lanang ugi | dadia patih mami | raryyangon tur sêmbah matur | inggih wontan[8] punika | anulya jinunjung patih | aranana Patih Logêndèr kewala ||
29. anake umbul ing Pajang | dadia sosoran patih | anamaa Wirapraja | naking Umbul Kuwêlnèki | ya dadia bupati | Suradigdaya Tumênggung | wus sami jinunjungan | sakèhing raryyangon sami | nama Arya Dêmang Răngga Pandêlêgan ||
30. ngabèi [ngabè...]
--- 53 ---
[...i] lan ulubalang | pêcattăndha ăndhamoi | Sri Makurung ingujungan | mring wadya kang dèn junjungi | sêmana wus miranti | kaprabone dadi ratu | wadya kinèn nêlukna | marang wong tuwane sami | asebaa marang ingsun sadayanya ||
31. dadya raryyangon wus bubar | mantuk mring wismane sami | wong tuwane gêgamannya | kêris pêdhang tumbak bêdhil | bapakne kinèn sami | asebaa ratunipun | Sri Pêngging Makurungan | nyêntak wong tuwane sami | edan têmên bocah iki padha angomyang ||[9]
32. kang akon padha sebaa | marang ing ratune sami | êndi ana ratu setan | liyane ing Majapait | anake anauri | anama Prabu Makurung | pinarak ing dhêdhampar | bapa sebaa dèn aglis | wong tuwane tan gêlêm pan ginêlandhang ||
33. wênèh dadya jêg-ujêgan | wong tuwane dèn larihi | warata wong tăngga desa | kêrêngan lan anaknèki | ingkang maido sami | pitutur ing anakipun | wênèh ngandêl kewala | mring anakira tut wuri | sarêng myarsa lajêng samya angawula ||
34. prênah eyange sang nata | kang aran Buyut ing Pêngging | tinêlukkên sampun kalah | suwita marang sang aji | kang tuwa milwa sami | nêlukkên bêkêling Kêdhu | Mêntaok laju ngetan | Gunung Kidul têluk sami | amêngalor Sokawati têluk samya ||
35. sêmana wus karya kutha | rame wong kang nambut kardi | nagari Pêngging wus dadya | agêmah kathah kang jalmi | murah sarwa binukti | tulus kang sarwa tinandur | mangkana sring[10] narendra | ing Pêngging arsa akrami | wus mangsane marang wanodya [wano...]
--- 54 ---
[...dya] kasmaran ||
11. Asmaradana
1. amundhut sri narapati | Tingkir ana wanodyendah | kalangkung ayu warnane | wus katur marang nata |[11] kinarya garwa tuwa | kang măngka garwa nèmipun | pawèstri sangking ing Bêtah ||
2. kirang sae ingkang warni | mangkana nata sineba | pêpak wadya punggawane | nulya dhawuhkên rêmbagan | yèn lami tan sebaa | marang nagri Majalangu | yêktine pinarêp ing prang ||
3. măngsa kuwata wong Pêngging | amungsuh lan wong sajagad | ratwagung Majapaite | yèn sêmbada payo padha | seba mring Majalêngka | Patih Logêndèr jumurung | miwah sakèhing dipatya ||
4. wus rêmbug adandan sami | kalawan upêktènira | wus kawrat pikulan kabèh | saksana nulya umangkat | rêmbatan anèng ngarsa | gya sang nata lan tumênggung | datan kawarna ing marga ||
5. wus prapta ing Majapait | katur marang Brawijaya | ngalun-alun pondhokane | ya ta nagri Majalêngka | wontên bêbatoh[12] kalah | tinagih laju angamuk | tan wontên kang nadhahana ||
6. wong Majapait awingwrin | kang ingamuk kathah pêjah | Prabu Brawijaya miyos | pinarak ing sitibêntar | kang botoh ngamuk arsa | minggah marang sitiluhur | Ratu Pêngging atrêngginas ||
7. bêbotoh dipun adhangi | Sri Makurung gya pinêdhang | wali-wali pan malèsèd | Sri Brawijaya kacaryan | wau dènnya tumingal | ramene dènira tarung | nèng kidule wringin kêmbar ||
8. botoh nulya dèn têmpiling | dhas malapor kapisanan | suka ningali sang rajèng |
--- 55 ---
Raja Pêngging tinimbalan | sapraptaning ngayunan | tur sêmbah silanya bukuh | Sri Brawijaya ngandika ||
9. lah wismanira ing ngêndi | lawan ingsun tan umiyat | Raja Sri Makurung ture | ulun ing Pêngging patikbra | wingi gèn kula prapta | mondhok wontên ngalun-alun | arsa sowan padukendra ||
10. arsa ngaturakên bêkti | pêjah gêsang ngong katura | dhumatêng paduka rajèng | kawula atur pramêtya | didalêm anêlukna | ing Pêngging saurutipun | mangidul mangalèrira ||
11. Kêdhu Pagêlèn prasami | Mêntaok lawan Sêmbuyan | Sokawati sapêngalèr | mangilène Salatiga | Gagatan lan Bahrawa | sami lulut dhatêng ulun | anggêpe sami ngawula ||
12. samangke katura gusti | pramila kawula sowan | kaatura sadayane | saupêktine punika | kaatur mring narendra | kalêpatan amba prabu | kawula nuwun apura ||
13. Brawijaya ngandika ris | lah Pêngging ingsun tarima | sakèhe prasêtya kabèh | ing mêngko ya karsaningwang | sira kang nguyunana | sakuloning gunung Lawu | gunung Mrapi saubêngnya ||
14. ing gunung Sumbing pratuwin | saubênge milwa sira | nulya tinriman putrine | luwih ayu warnanira | sabên măngsa sebaa | lan sun paringi jêjuluk | Dipati Andayaningrat ||
15. pan sampun linilan mulih | lan abêkta putri endah | prapta ing Pêngging lampahe | kalangkung pasihanira | lan putri Majalêngka | garwane roro kapungkur | mangkana Sri Majalêngka ||
16. wus lama jumênêng aji | Brawijaya ping kalihnya | muksa
--- 56 ---
kagêntèn putrane | saking Cêmpa ibunira | pan taksih apêparab | Brawijaya kaping têlu | patih maksih Gajahmada ||
17. sakèhe kang pra dipati | tan wontên ingowahan |[13] asih lulut sadayane | nagari sangsaya arja | tan wontên kang lumawan | garwanira putri agung | gantya ingkang kawursita ||
18. Ratu Pagêdhongan ardi | kundhang sawuse angrêbat | kunjaran bêkta arine | jalu binêkta mring arga | sarêng lan lampahira | kalawan Radèn Sêsuruh | mangetane tilar praja ||
19. kandhane kinarya gênti | èwêt lamun sinarênga | Ki Agêng Tarub sedane | tilar garwa tanpa putra | maksih nom kèpi brăngta | sang dyah sabên-sabên esuk | nyaponi ing makamira ||
20. mring raka kang sampun lalis | saking têmêne ing priya | tanpa dhahar tanpa sare | wus rêsik kondur mring wisma | ing dalu pan supêna | mring raka sinungan sunu | jalu pêkik warnanira ||
21. dyah kagèt anulya tangi | lajêng mangkat mring makaman | kang pinêndêng mung impène | wancinira bêdhug tiga | prapta makaman kagyat | ana jabang bayi murub | jalu lir trahing sri nata ||
12. Sinom
1. gya jabang bayi ingêmban | bok răndha bungah tan sipi | binêkta mantuk mring wisma | lipur trisnanirèng laki | kalingan sihing siwi | ni răndha nulya gêgêbyur | jampi wêjah salirnya | lir wong mêntas darbe bayi | mangkar-mangkar pambayunira ni răndha ||
2. wus karsanira ing dewa | wêdale susu kang warih | putrane pan sinasêpan [sinasêpa...]
--- 57 ---
[...n] |[14] Ni Răndha Tarub wus pranti | barang rêtining bayi | têtapêl lan tèrèkipun | pilis lan bobokira | papok gêdhonge miranti | nyai răndha wus tan ana kakurangan ||
3. saluku mangku kang putra | anak putu samya prapti | anjêngêr dènira mulat | nak putu kang têbih-têbih | maido samya angling | kapanane sun tan wêruh | wêtêngan datan măntra | nulya sami dèn wartani | anak putu samya bêkta pêpanganan ||
4. ing Tarub lir pakaulan | bayi sinuson mantêsi | lir putra gènira yoga | sêmana sampun alami | nêkakkên sandhang bukti | bêja daulate rawuh | asugih nyai răndha | tanbuh gone dunyanèki | nyai răndha langkung suka bungahira ||
5. mangkana salokanira | tinilar dunya nututi | ni răndha sugih kalintang | bêjane saking kang siwi | putra dèn pirantèni | sakarsanira dèn ugung | panganggo pinêpêkan | wayahe dêdolan lagi | nulup kinjêng bandhêmbo miwah kandhêla ||
6. ingiring ing rare kathah | wus lama mêpêk birai | sangsaya bagus sinawang | pawèstri akèh kagimir | nginggahi anukoni | raina wêngi gumrumung | parawan lan wulanjar | nora nana mulih-mulih | ingkang kuwat parawan sami ngêlamar ||
7. nak sudagar sambiwara | nak bakul kang sugih-sugih | anake Êmpu Malandang | nak prameya gênti prapti | nglamar tan dèn tampani | miwah anak para buyut | nontoni sami prapta | banjur nora mulih-mulih | ingkang ibu aris dènira ngandika ||
8. nyawa sira akramaa |
--- 58 ---
sasênêngira mas gusti | pan iku wanodya kathah | êndi kang sira sênêngi | anaking êmpu gusti | miwah anak para buyut | bakul lawan sudagar | kang nglamar samya yu luwih | anauri biyang sun tan arsa krama ||
9. apik têmên apa sira | nganti rabi widadari | lagya kasêngsêm wak ingwang | biyang anênulup pêksi | nanging kapalang mami | biyang datan darbe tulup | nulya nêpi mring makam | wontên sumlagrang nèng nginggil | warni tulup gya cinandhak mring Ki Jaka ||
10. dadya karêm sabèng wana | ni răndha tansah malangi | tinuturan putranira | aja karêm ing wanadri | ing wana langkung wêrit | têngah nèng têlaganipun | nanging ta anyeluman | padusaning widadari | yèn marêngi Gara Kasih Măndhasiya ||
11. widadari padha siram | asuka pating jalêrit | Ki Jaka kagyat nèng wana | miyarsa têngah wanadri | rame swaraning èstri | acêciblon samya adus | Dyan Jaka manjing wana | karsanya arsa udani | praptèng bèji amulat langkung kagiwang ||
12. satuwuk ingsun tumingal | wanodya tan kadi iki | gènnya dus sami wêwuda | tan ana tinahèng ati | Dyan Jaka aningali | wêntis kuning susu gêmuh | lênglêng sangêt kedanan | dènnya lumampah aririh | kang asiram tan nyana yèn katêkanan ||
13. Dyan Jaka alingan wrêksa | sinjang kêmbê[15] lan kulambi | kang dèn angkah mring Ki Jaka | kalingan kayoman tambi | sigra dèn bêrangkangi | datan kawistara sampun | kêmbên sinjang rasukan | tulup kang kinarya nyuthik | pan wus kêna klambi lurah widadarya ||
14. sinjang
--- 59 ---
lawan kasêmêkan | Nawangwulan kang darbèni | kinandhut nulya ginawa | mulih ingumpêtkên aglis | dinèkèk soring pari | nulya age-age wangsul | sarwi ambêkta sinjang | kêkêmbên lawan kulambi | sampun prapta anèng têpining talaga ||
15. nulya wau dhaham-dhaham | kang siram kagyat prasami | anyandhak sinjang rasukan | amumbul marang wiyati | mung Nawangwulan maksih | wangsul angum jroning banyu | sinjang rasukan ilang | nyana karayut kang dhingin | lir gulamit sosote anyalapita ||
16. kasusu apa sidhungkah | nora angêntèn-êntèni | angrayut sinjang rasukan | pakarane ingsun kari | kapriye polah mami | ya sidi paragi ngantu | sambat sosote nêlas | padha dene kang dhahami | kaya apa rupane agawe gita ||
17. baya ta dhangling wong owah | wong adus dipun parani | têkane datan saraba | sidi sabêring tokiyik | gawe kêpyuring ati | dipangana buta sèwu | Dyan Jaka mèsêm ing tyas | ngatingal nyamur nulupi | ingkang pêksi apan sarwi bănda tangan ||
18. ngadêg têpining talaga | pi-api tan wruh sang dèwi | sinamur nulup kukila | duk tumingal sang dyah angling | baya ika kang baring | ingkang dhaham-dhaham wau | ngêgèt-gèti wong siram | gumagus anulup pêksi | sarwi bănda tangan polahe si dhongkah ||
19. kêpriye ing polah ingwang | busana sun krayut dhingin | sidi bêndho kari nglongan | sidi kêthok dikêlèti | ya iku ingkang baring | dhahami wong lagi adus | tan [ta...]
--- 60 ---
[...n] wruh ing subasita | baguse tan dèn ênggoni | sapa ingkang duwe putra dèn tambakna ||
20. Dyan Jaka mèsêm ing driya | priye apa ngong tanduki | bêbasa karayut baya | lagi têka dèn dukani | durung wruh ing prakawis | yèn takona kang kadyèngsun | lir gulamit sosotnya | Dyan Jaka ngrêpa ngrih-arih | kadospundi ing purwa madya wêsana ||
21. kang dados duka punapa | pinurwa anggèr rumiyin | sang dyah sêndhu dènnya ngucap | ngong iki mulane kari | sira mau dhahami | lungaa apa gawemu | atugu wong kawudan | iya ta ngisin-isini | mamêdèni dimèn bali kancaningwang ||
22. balikan agèr tinanyan | abdine dipun dukani | kula mantuk dhatêng wisma | mêndhêt sinjang kêmbên klambi | minta biyung yèn olih | kawula ngaturi mupus | kang muksa ywa rinasan | wus mantuk kayangan sami | ingkang wingking pinikira ingkang tata ||
23. nauri sang dyah anyêntak | nora kudu mikar-mikir | saengganing raganingwang | dene ta kaya wong mati | yèn misih kang asêpi | atugu wong lagi kungkum | mundhak mêmanas ing tyas | dudu kadangira mami | inggih anggèr saupami saupama ||
24. wontêna kang tulung sinjang | kasêmêkan lan kulambi | jangjine kadya punapa | mêsakakên ngum ing warih | yèn ana kang nulungi | iya bangêt trimaningsun | tuwa sun aku bapa | nom dadi sadulur mami | yèn kaprênah tuwa tunggal yayah rena ||
25. yèn sira tulung maringwang | sun aku sadulur mami | nèng marcapada dêlahan | tulusa dadia kanthi | Dyan Jaka anauri | dèrèng
--- 61 ---
eca rêmbagipun | kaot băndha sêpala | anyukup wong dama miskin | datan wontên malih-malih mung punika ||
26. yèn sêmbada lan sang rêtna | dadosa tatukon mami | sinjang kêmbên lan rasukan | mung punika duwèk mami | yèn anggèr nyuwawèni | jagane patukon ingsun | ênggèn ingsun akrama | pun ibu wong dama miskin | mung punika gadhangan dados tumbasan ||
27. yèn sêmbada apanggiha | jaka rara sang dyah angling | iku dudu padon dhongkah | yèn mêngkono sun tan apti | Dyan Jaka anauri | yèn tan rêmbag inggih sampun | pabênan lan wong mlarat | yêktine kawula pamit | wus kantuna kawula mantuk mring wisma ||
28. Ki Jaka lunga singêdan | dhêpès têpining talagi | kusuma kang ngum ing toya | alara-lara anangis | niyaya kănca mami | sun tinilar padha mabur | sinjang ingsun kabandhang | kêmbên lan rasukan mami | têmahane sun kari anèng talaga ||
29. yèn arsa ngulungi sinjang | rinêngkuh kinarya rabi | lagya sun antêp kewala | ithik-ithik mutung mulih | kaniyaya kêpati | bok iyaa dipun tutug | têtulung wong kawudan | sun rasa-rasa ing ati | iya bênêr si jênat băndha sêpala ||
30. sumakeyan wong abăndha | duwèke ginawa mulih | sang dyah karasa kabêtah | tanpa wêkas anèng warih | dhasar sênêng kang ati | kusuma rara amuwus | cêluk-cêluk kang lunga | lah jênat balia maning | lah ta iya ingsun turut ujarira ||
31. Ki Jaka [Ja...]
--- 62 ---
[...ka] Tarub miyarsa | anulya ngatingal malih | kadipundi nimas rara | ingkang kaparênging kapti | tan gadhah pabên malih | amung kang wus katur wau | sinjang lawan rasukan | dadosa têtukon mami | sang dyah arum wau wijiling wacana ||
32. lah jênat sakarsanira | ingsun nurut ing sirèki | lah apa sakarsanira | tan bêtah angum ing warih | akêsêl ingkang ati | Ki Jaka Tarub amuwus | lamun sira yayi mas | wus nurut ing karsa mami | nulya sinjang pinêndhêt sangking kandhutan ||
33. lah age sira ulungna | wus sinung sinjang kulambi | kasêmêkan wus tinampan | sang dyah mêntas saking warih | asinjang limar adi | jingga mruta kêmbênipun | datan arsa rasukan | sapolahe amantêsi | kang rasukan kinèn bêkta Radèn Jaka ||
34. sang ayu angore rema | sangsaya imbuh ing warni | Dyan Jaka daud prayanya | tansah asabil ing galih | garwa ingajak mulih | ingiringkên runtung-runtung | sampun prapta ing wisma | kang ibu kagèt ningali | suka bungah putra mulih angsal garwa ||
35. tur widadari yu raras | ingkang mantu dipun kanthi | kang putra sinandhing lênggah | pungkurane dèn arasi | bisa têmên akrami | putraningsun wong abagus | pan binoja wiwaha | anak putu samya prapti | anyênyumbang ingkang mantu rinêsikan ||
36. dhangir alis pinaesan | pinidih kalangkung asri | jinamang mas kinatipa | sêngkang pangnunggul[16] hèr bumi | gumyur tinatah asri | kasangsaya wimbuh ayu | sang dyah agêlang kana | sêsêkaran susun kalih | kalungipun susun tiga pênding rêtna ||
37. nayakane murub mubyar |
--- 63 ---
siningsiman kalih sisih | intên hèr laut kalihnya | sinjange pathola wilis | kêmbên gadhung malathi | rinenda ing êmas murub | pan widadari nyata | rinêngga ing busana di | kang tumingal lêng-lêng pan kadi matia ||
38. tan ana bisa anyăndra | tangèh pinurwa ing Kawi | Dyan Jaka wus rinarêngga | rajakaputran rinakit | baguse tanpa tandhing | pantês anurunkên ratu | panggih jêjaka rara | lir Kamajaya lan Ratih | èstri ayu kakunge bagus utama ||
39. raina wêngi tan pisah | runtung-runtung kadi mimi | dadya pêpenginan kathah | kang ibu langkung dènnya sih | cinatur sampun lami | nyidham kaworan sang ayu | ri sêdhêng pêpasihan | kêpalang prapta ing pasthi | nyai răndha ing Tarub grah nulya seda ||
40. kari brăngta onêng sang dyah | lola tinilar ing bibi | kalihe sangsaya trêsna | Dyan Jaka sampun gêntosi | kabêta desa nami | wasta Ki Agêng ing Tarub | sinêmbah ing wong kathah | gènnya wawrat sang rêtnadi | sangang wulan lair kang putra wanodya ||
41. warnane lir ibunira | eyangira kang nuruni | ratu mas ing pagêdhongan | nahên sakèh kang nulungi | Prabu Anyakrawati | lan garwa sami têtulung | kinudang ingkang wayah | putuningsun iki benjing | nurunakên ratu Jawa tan kasêlan ||
42. têdhak pitu iya benjang | ingkang malês lara pati | mring têdhak Siyung Wanara | satêdhak-têdhake ngabdi | sampun sinung kêkasih | Rara Nawangsih puniku | kang eyang nulya musna | kang kari samya prihatin | tanpa rewang karepotan dening putra ||
43. sang dyah
--- 64 ---
pan adang piyambak | sarya rewang jabang bayi | kang raka amêndhêt wrêksa | putra sinarèkkên kanthil | sang ayu matur aris | gih tuwan andika tunggu | gêni gèn kula adang | kawula arsa mring kali | ngumbah popok ingompolan putra dika ||
44. inggih ing wêling kawula | sampun ganggu têngga gêni | kang raka sagah anêngga | kang rayi marang ing kali | kyagêng osiking galih | dene iya arèningsun | gon ingsun asêsawah | pirang-pirang masa iki | lumbung ingsun apan ora lukak-lukak ||
45. lan ingsun durung uninga | gonira anutu pari | apa iki dipun êdang | anulya dipun ungkabi | dang-dangan dèn tingali | kukusane isi pantun | sawuli kathahira | anjêngêr dènnya ningali | kasêktène ingkang rayi Nawangwulan ||
46. nulya kinêkêban inggal | tumungkul nyogokkên gêni | ingkang rayi nulya prapta | ngumbah popok saking kali | sampun ingêpe nuli | anulya mring pawon gupuh | gêntosi ingkang raka | gènnya dang sinantêr gêni | sinugokkên kayu pirang-pirang rêmbat ||
47. tan bisa sumub gènnya dang | anggraita kusumadi | baya ta ganggu ki omah | dang-dangan dipun ungkabi | beda lan sabênnèki | sakêdhap matêng puniku | mêngko liwat diwayah | nulya dèn ungkabi malih | apan maksih sawuli kang pantun mêntah ||
48. sang rêtna matur ing raka | baya ta sampun pinasthi | yèn dika pisah lan ingwang | dene anglirakên wêling | dang-dangan dèn ungkabi | Ki Agêng kèndêl anjêtung | Ni Dèwi Nawangwulan | kalangkung susah ing galih | sabên dina [di...]
--- 65 ---
[...na] anutu pantune têlas ||
49. salumbung kantun sadhasar | arsa tinutu kang pari | pinêndhêt pantun katingal | kêmbên tapih lan kulambi | sigra sinambut aglis | nyata cidra somah ingsun | nulya rinasuk samya | kang kêmbên tapih kulambi | sigra matur wau dhatêng ingkang raka ||
50. ki omah atur kawula | pan inggih sampun pinasthi | mung samantên dugènira | panggihe apalakrami | kawula nuwun pamit | pan inggih wawêling ulun | lamun putra karuna | damêla gubug kang inggil | pêpanggungan lamun nangis putra tuwan ||
51. sinèlèhna pêpanggungan | ki agêng angrês ing galih | yayi mas aywa mêngkana | datan bisa ingsun kari | kang rayi anauri | sampun karsaning dewa gung | yèn nangis putra tuwan | ngobara mrang kêtan langking | tan adangu kawula anuntên prapta ||
52. ki agêng èsmu karuna | arsa angrangkul kang rayi | trêngginas sang dyah umêsat | amumbul marang wiyati | ki agêng duk umaksi | mumbule kang rayi wau | niba sangêt kantaka | tan adangu nulya nglilir | anungkêmi dhumatêng atmajanira ||
53. adhuh anggèr putraningwang | tandrêman tinilar bibi | sêmana ing lama-lama | sabên ingkang putra nangis | dinèkèk panggung inggil | sarwi kutug mêrang wulung | ingkang ibu tumêdhak | anêsêpi ingkang siwi | ingkang rama amênggah-mênggah tumingal ||
54. mangkana salamènira | yèn wus gya nilar kang siwi | nulya rama ngambil ngêmban | tan pisah siyang lan latri | yèn babad mring wanadri | putra ginendhong tan kantun | blêg ibune kang warna | lir jambe nom sigar
--- 66 ---
palih | aprak-ati ruruh kaduk manisira ||
13. Dhandhanggula
1. saya lami yuswane sang dèwi | rumaja putri pan saya endah | kunêng kang winarna Rajèng | Brawijaya ping têlu | angrênggani ing Maospait | anyandhang gêrah raja- | singanên sang prabu | kalangkung susah ing driya | Brawijaya ing dalu sare naritis | ana swara kapyarsa ||
2. lamun arsa waluya sang aji | nyarènana putri saking Wandhan | nulya anglilir sang rajèng | kalangkung pungun-pungun | ngandika ris marang kang rayi | Sang Rêtna Dwarawatya | inggal luwih ayu | cèthi Wandhan kuning enggal | sawusira pinaesan dèn sarèni | sapisan grahe sirna ||
3. waluyanira lir wingi uni | putri Wandhan pan lajêng awawrat | wus dhatêng ing sêmayane | ambabar miyos jalu | pan kinêbon kang jabang bayi | lama-lama diwasa | ginadhuhkên wau | mring Ki Bodho juru sawah | saagênge tumut nyaosakên pari | nanging ngriyini lampah ||
4. pan ajujug marang ing sitinggil | sarêng miyat mring gamêlan kathah | lajêng tinabuh êgonge | tinitir pan jumêgur | samya kagyat wong Majapait | rahadèn tinakenan | sapa kang sêsunu | têka wani nabuh găngsa | Kyai Sêkar Dalima kagungan aji | rahadèn cinêkêlan ||
5. astanira kiwa têngên aglis | sira wau Dyan Bondhan Kajawan | kang nyêpêng kinipatake | ana ingkang kabêntus | wênèh bunyak bathuk lan pipi | ceko baune sêmpal | dyan jaka amuwus | anabuh gong ingsun dhawak | têka padha adahwèn nyêkêli mami | wus katur [ka...]
--- 67 ---
[...tur] sri narendra ||
6. Radèn Bondhan Kajawan pinanggil | prapta ngarsanira naradipa | Brawijaya ngandika lon | nake sapa sirèku | sira wani nabuh gong mami | Kyai Sêkar Dalima | dyan jaka wotsantun | anakipun juru sawah | nulya nusul juru sawah praptèng ngarsi | ngêmori kang atmaja ||
7. juru sawah langkung dènira jrih | ngraos prapta ing bilainira | sri naranata dêlinge | hèh juru bocah iku | apa nyata anakirèki | gya matur awotsêkar | gih yêkti pukulun | tan uninga kala mangkat | ngrumiyini amba dhèrèkakên pari | pêjah gêsang konjuka ||
8. sang aprabu kemutan yèn titip | atmaja jalu mundhut paesan | tinimbang nèng pangilone | warnanya lir sang prabu | lon ngandika sri narapati | juru sawah nakira | parakêna gupuh | mring ki jêbèng Tarub srahna | Radèn Bondhan pinaring kris saput pranti | dhapur mlela gêndhaga ||
9. prabot sapangadêg dèn paringi | sarta Radèn Bondhan binisikan | mring nata wruhanamu mèh | gêmpuring Majalangu | sirna kraton pan êmèh ngalih | sira nutugkên benjang | nèng nagri Mantarum | run-tumurun têdhakira | wis mangkata Dyan Bondhan wus angabêkti | mundur sangking ayunan ||
10. juru sawah ngiring wus lumaris | sapraptane ing wana binegal | wong sawêlas kang mênggawe | ingijèn radèn wau | wong sawêlas tan ana kari | ginoco mung nyapisan | kapisanan lampus | datan amindhoni samya | pan sabêras pugut pucuke kang kêris [kêr...]
--- 68 ---
[...is] | marma têdhak Mataram ||
11. datan arsa angagêma kêris | awak-awak waja duk sêmana | Radèn Bondhan kawitane | lampahe dyan lêstantun | wus angambah ing têpisiring | manjing Tarub padesan | ki agêng duk lungguh | nèng wisma lawan kang putra | Nin[17] Nawangsih wus agêng ayu kang warni | lir widadari swarga ||
12. wayahira pan rumaja putri | kakangane pan angrusak taman | ki juru sawah praptage | wus lumêbèng ing pintu | Kyagêng Tarub apan ningali | marang ing tamunira | anulya tumurun | ngancarani mring kang prapta | pinaraka ing salu kakang lan mami | sinauran sumăngga ||
13. ginêlaran klasa sami linggih | juru sawah lawan Radèn Bondhan | Kajawan anèng wurine | Ki Agêng Tarub muwus | sami lujêng kang juru sabip |[18] sinauran anêdha | parikramanipun | kula punika dinuta | mring Sang Nata Brawijaya Maospait | maringakên kang putra ||
14. Radèn Bondhan Kajawan kang nami | mangsi borong ing karsa nindakna | sri nata pasrah lamine | mangkana Kyagêng Tarub | wus anduga karsaning aji | gih andika matura | anuwun jumurung | sawusira sinêmbrama | sigra pamit ki juru sawah wus mulih | Radèn Bondhan tinilar ||
15. Kyagêng Tarub langkung dènira sih | Radèn Bondhan sinungan pêparab | Dyan Lêmbu Pêtêng namane | kinanthi siyang dalu | sinadulurakên tumuli | lawan atmajanira | Nawangsih sang ayu | radyan aywa taha-taha | iya iku sadulurira pawèstri | ngladèni marang sira ||
--- 69 ---
16. lamun arsa dhahar sira gusti | amundhuta marang arinira | sarênga dhahar arine | mangkana Kyagêng Tarub | karyanira marang wanadri | amatun gaganira | rahadyan tan kantun | milwa matun gaganira | lamun mantuk Dyan Lêmbu Pêtêng ngarèni | maksih amatun gaga ||
17. yèn lumampah enjing ngariyini | datan mantuk lamun dèrèng sêrap | dadya kyagêng saya sihe | wus lama radèn bagus | wayahira pan sampun akir | Ni Nawangsih sêmana | brai sandhangipun | Dyan Lêmbu Pêtêng karyanya | sabên dina ababad maring wanadri | karya lêlahan gaga ||
18. Ni Nawangsih sabên dina ngirim | sêkul sumbul lawan jangan kênda | sarwi anyangking kêndhine | mantuke lamun surup | lawan ingkang rayi dèn iring | linirik saking wuntat | ciptanirèng kalbu | Dyan Lêmbu Pêtêng kasmaran | sabiling tyas nanging tansah dèn sandhungi | tungkakira sang rêtna ||
19. sang dyah rara aturira aris | dhuh si kakang nyandhung tungkak ingwang | wanti-wanti panyandhunge | kang raka ris gumuyu | yayi enggal kasêlak wêngi | yèn dinukan jêng rama | dèn rikat lumaku | sapraptanira ing wisma | Ni Nawangsih matur mring rama bêbisik | kala wau pun kakang ||
20. Lêmbu Pêtêng mantuk sing wanadri | sikil kula tansah sinandhungan | saking wuri kula tolèh | panyandhungira mambu | kula srêngên kakang sêngadi | sêlak kawêngèn marga | Ki Agêng ing Tarub | mèsêm nak ingsun diwasa | lon ngandika wus jamake putra mami | sadulur gêguyonan ||
21. tata tita pinanggihkên nuli | sira Radèn Lêmbu Pêtêng lawan | Ni Dèwi Nawangsih mangke |
--- 70 ---
rinarêngga duk dhaup | tan kuciwa kakunge pêkik | anglir Hyang Kamajaya | èstrinira ayu | sor widadari Kaendran | duk sêmana samya sih-sinihan kalih | siyang dalu tan pisah ||
22. ri mangkana Sang Sri Majapait | garwanira putri sangking Cêmpa | putra nata Cêmpa kang nèm | gumantya rama kang wus | muksa ratu ing Darawati | garwa ingkang taruna | putri Cina wau | wus wawrat ngidham kaworan | sring padudon karya runtiking narpati | tinrimakakên marang ||
23. Arya Damar mring Palembang nuli | timbalaning nata tan kalilan | tinunggila ing rêsmine | yèn wus wawratan mêtu | Arya Damar kalilan nunggil | yèn lanang sinunga ran | Radèn Patah iku | sakarsane yèn wanodya | kawarnaa sang pandhita Ngatasangin | kang wontên nagri Cêmpa ||
24. Ki Sèh Walilanang ingkang nami | lawan garwanira putri Cêmpa | pan kêkalih patutane | pambajêng jalu bagus | Radèn Rahmat ingkang wêwangi | wasis pasang wiweka | ngèlminira putus | arine wanodya endah | ri mangkana Dyan Rahmat mring rama pamit | pan arsa angawula ||
25. marang Sang Aprabu Majapait | lan putrane kang uwa binêkta | sang pandhita mustakime | Dyan Santri wastanipun | dyan umangkat rama tut wuri | angatêr ingkang putra | marang Majalangu | sapraptane Majalêngka | Sang Pandhita Ngatasangin wus apanggih | lawan Sri Brawijaya ||
26. sawusira masrahkên kang siwi | kêkalih marang sri naranata | sang pandhita sigra lèngsèr | mring nagri Cêmpa mantuk | putra kalih tinilar [ti...]
--- 71 ---
[...nilar] ngabdi | mring nata katarima | sae damêlipun | jatmika abêtah tapa | nèng jro pura rikat trangginas ing kardi | kalihe kinasihan ||
27. sri narendra sigra animbali | santana kang saking Pajajaran | Dyan Wilatikta namane | punika kang sêsunu | Adipati Ki Arya Sidik | sêkawan putranira | ingkang tunggal ibu | pambayun Dyan Wilatikta | kang panggulu Ki Rănggalawe ing Tubin | pandhadha Arya Teja ||
28. wuragile Dyan Jaran Panolih | praptèng ngarsa narpa lon ngandika | Wilatikta atmajane | kang èstri ingsun pundhut | sun panggihkên lan Rahmat ugi | manakawana mring wang | iku ta rumuhun | iya uga Wilatikta | matur nêmbah sumăngga ing karsa aji | kawula tan lênggana ||
29. sadayanya kagungan narpati | wus sinaosakên putranira | gya pinanggihakên age | sawusnya samya atut | Radèn Rahmat anuwun pamit | dhêdhukuh wananira | nagri Surèngkewuh | angsal idin amêmulang | ing sang nata tatane agama suci | manut ing Nabiyolah ||
30. ngandika ris Sang Sri Majapait | iya ingsun lilani kang arsa | kang tan arsa dimèn maksèh | agamane karuhun | Radèn Rahmat umatur aris | ngabêkti ngaraspada | anêmbah wus mundur | umangkat lawan kang garwa | tan kawarna ing marga pan sampun prapti | kang wana dhinêkahan ||
31. ingaranan dhukuh Ngampèlgadhing | sampun kathah ingkang tumut wisma | winulang kitab Kurane | ngadêggên[19] masjid agung | samya salat sakèhing [sakèh...]
--- 72 ---
[...ing] santri | wus madêg kang Jumungah | dhikiran gumuruh | sababdane[20] ngaji samya | santri kathah siyang dalu ngêlak-ngêlik | ngapilakên kitabnya ||
32. Arya Teja putranira èstri | dhaup lawan Dyan Santri ing Cêmpa | Burerah atut kramane | anèng Garêsik dhêdhukuh |[21] amandhita têngah wanadri | ran Sèh Dumadil Kubra | garwa wawrat sêpuh | gya babar seda konduran | putranira èstri ayunira luwih | ingêmong mring kang rama ||
33. lami-lami atmajanirakir | saya endah ing suwarnanira | nèng têngah wana wismane | adoh lor kulon kidul | tanpa wontên ingkang ngrasani | lama-lama awawrat | lan sudarmanipun | Sèh Ngabdul wau kalepyan | atirakat pandhita ngidêri bumi | kalangkung mêsu tapa ||
34. sapraptane mantuk aningali | putranira putri ngêmban putra | jalu abagus warnane | sirèku bèng ta uwus | ngêmban putra lakimu êndi | sang rêtna aturira | punapa sang wiku | supe paduka kang karya | kesah tuwan kawula tinilar bunting | punika dadosira ||
35. yèn mangkono anak putu mami | dalah mangke pandamêl bêbasan | anak putu wicarane | mangkana sang awiku | langkung wirang marang Hyang Widhi | tobatira nasoka | sakala agêbyur | bêngawan Garêsik seda | jisimira sewangan tan bisa kèli | amancêr anèng têngah ||
36. gya pinêndhêm marang wong Garêsik | pinênêdan anulya pinêtak | sinur tanah sidêkahe | sabên ing mangsanipun | sêkul pulên jangane mênir | pêcêle
--- 73 ---
ulam toya | pangêpunge surup | dang cukup sugihe mundhak | kontrak sapa wonge ingkang arsa sugih | mulea sapta Jumngah ||
37. marang Ki Sèh Kobra Ngabdulkadir | ingsak Allah wong kang amêlarat | dening Hyang dèn wèhi gawe | sakarsanira ontung | Ngabdul Kadir Kobra ambêrkati |[22] marma wong Grêsik samya | sadayane cukup | kocap wontên maolana | saking Juldah Ngatasangin kang nagari | ran Sèh Walilanang khak ||
39. pan jumujug Masjid Ngampèlgadhing | wus apanggih lawan Sunan Rahmat | sinugata sakarsane | tinanyan karsanipun | praptanira mring tanah Jawi | saure mung lêlana | apan arsa laju | mangetan mring Balambangan | pamit mangkat prapta Balambangan nagri | Sang Dipatya Blambangan ||
40. putranira èstri nuju sakit | tinambanan sèh kang lagi prapta | lajêng mulya anulya ge | pinanggihakên wau | maolana lawan sang dèwi | atut apalakrama | asih kalihipun | Adipati Balambangan | kinèn Islam mring mantu anyêntak wani | ingsun tan gêlêm Eslam ||
41. Ki Sèh Walilanang nyêntak runtik | mundur palarasan lajêng kesah | tinilar klalêng garwane | saking srêng myat sumaput | garwa lagi wawrat tri sasi | sapungkure mlasarsa | wau sang dyah ayu | lagya sêdhênge pasihan | pan kapalang tinilar marang ing laki | siyang dalu karuna ||
42. Balambangan pinarag gagêring | panarkane wau sang dipatya | dene ing wawêtêngane | kang lunga minggat mantuk | măngka tênungira nagari |
--- 74 ---
wus lair kang wêtêngan | jalu warna bagus | kang bayi gya tinêla |[23] mring Dipati Balambangan jabang bayi | linabuh ing samodra ||
43. gantya ingkang winursita malih | Patih Grêsik namane Kêmboja | pêjah răndha wong wadone | adagang karyanipun | nyai răndha Kêmboja sugih | dagange kinèn layar | mring Blambangan wau | nèng laut manggih tabêla | isi bayi anulya binêkta mulih | sinungkên nyai răndha ||
44. nyai răndha Kêmboja Garêsik | langkung suka wau manahira | antuk bayi padagange | nèng gêndhaga sinambut | pan pinupu dèn gumatèni | lama-lama diwasa | sinungan jêjuluk | Radèn Gira[24] namanira | ingaturkên Sunan Rahmat kinèn ngaji | pasantrèn Ngampèldênta ||
45. manah landhêp pangajinerèki | sakèhing kang aksara wus bisa | raphal makna lan murade | rasane wus kacakup | ngèlmu jati wus angawruhi | katrimèng gurunira | wus ingakên sunu | marang Jêng Susunan Rahmat | sinadulurakên lan putrane nênggih | Radèn Bagus Pangarsa ||
46. Radèn Bagus bantêr kang prihatin | siyang dalu tan dhahar tan nendra | tumanduk tingal êninge | angliyêk siyang dalu | nulya kêbo lanang pinatin | binêdhèl jroanira | winêdalkên sampun | nulya wau sinarenan | kang talingan grana tinutupan sami | tutuk kalawan netra ||
47. sawusira mlêbêt Radèn Pêkik | kulit kêbo nulya ingêdoman | luware nganti gogroge | wus lama Radèn Bagus | kang maesa [mae...]
--- 75 ---
[...sa] gogrog wus brêsih | lir êmas sinêpuhan | warnane Dyan Bagus | ngèlmune wali binuka | marang rama Sunan Ngampèl pan ingêlih | nama Susunan Bonang ||
48. wit sami kwasa amanjing wali | atapa nèng jroning kêbo lanang | rêmbagan lawan arine | Dyan Giri dèn jak nglangut | sampun mangkat acara druwis | prapta ing nagri sabrang | Malaka jinujug | panggih lan Sèh Alul Iman | kinurmatan anèng masjidipun alit | tinanyan aturira ||
49. amba kalih santri tanah Jawi | yèn pinarêng badhe dhatêng Mêkah | Sèh Alul Iman dêlinge | manira tan sarêju | marang Mêkah ngambil punapi | mung angujudi sela | kêdhik kang pakantuk | suwunge nagara Jawa | lah pikirên ramanira wong sawiji | Susunan Ngampèldênta ||
50. lamun sira nyêlamkên wong Jawi | iku agung ing muphangatira | tinarima ing Hyang Manon | panggawenira iku | wus muliha nak ingsun kalih | Si Giri wakilira | ing pamulangipun | ramanira saya tuwa | ya Si Bonang amuruka para wali | iki wasiyat ingwang ||
51. jungkat kêskul lan kulambi silir | sun juluki Anyakrakusuma | ya Si Giri wasiyate | jubah rasukanipun | Timbultoya raning kulambi | ya Sang Prabu Satmata | jêjulukanipun | karo wis padha mangkata | atur sêmbah gya lèngsèr ing ngarsa kalih | mantuk mring tanah Jawa ||
52. sapraptaning wisma Ngampèlgadhing | Radèn Giri pinanggihkên lawan | putrane Jêng Sunan Ngampèl | warnane luwih ayu | arinira Rahadèn Pêkik | kinarya badal [ba...]
--- 76 ---
[...dal] wulang | kang pra santri agung | kang laphal sinungan makna | ijmak kiyas mangsudira dèn muradi | nèng nahwu tarbukanya ||
53. yèn wus salim nahwune wong ngaji | datan kewran sakathahing murad | barang karêping rasane | yun tuk kwaleanipun | ing pamore kawula Gusti | kèh ungêle kang kitab | ywa kewraning ngumpul | ngèlmu tan palihan Allah | salat anèng takbiratul ikhram musthi | anènge êhuakhad ||
54. wontên têdhak Rasul ingkang prapti | ing Carêbon ingkang darbe darah | Jenal Ngabidin namane | putranira pêpitu | patutane lan Cêmpa putri | kêkalih ingkang priya | nênggih ingkang sêpuh | Molana Maghribi rannya | kang panggulu Ki Sèh Akbar awêwangi | èstrinira têtiga ||
55. Maolana Maghribi sêsiwi | Ki Sèh Ajiduta namanira | Sèh Akbar èstri putrane | Ni Jatiswara ayu | wontên trahing Jêng Rasul malih | prapta ing Ngampèldênta | nênggih darahipun | Sèh Mahmuddinil Kabiran | wus tinuduh mring Sunan ing Ngampèlgadhing | ngimani Crêbonira ||
56. saurute Pajajaran sami | ing Barêbês prapta Bantên pisan | binorongakên Islame | sapraptanira ngriku | naklukakên nagara suci | kèh ajar kapêlajar | botoh kèh kabutuh | ri mangkana sampun krama | angsal sira Ni Jatiswara kang siwi | Sèh Akbar wus pêputra ||
57. jalu wasta Sunan Gunungjati | wus madêg Carbon Jumungahira | gênti kang winuwus malèh | Palembang kang dhinapur | putranira jalu kêkalih | pambayun Radèn [Ra...]
--- 77 ---
[...dèn] Patah | wawratan Sang Prabu | Majapait sakbabarnya | gya sinarèn putri Cina wawrat malih | babar Husèn wastanya ||
58. wuragilira mêdal pawèstri | Radèn Patah lawan arènira | Rahadèn Husèn ing mangke | pamit ing ramanipun | arsa marang ing Maospait | manakawan sang nata | manawi sarêju | linilan rama wus mangkat | jujug Ngampèl kalihe sami angaji | rukuning gama Islam ||
59. sawusira bangkit kèhing ngèlmi | radèn kalih anulya pamitan | arsa ngawula sang rajèng | wus kalilan ing guru | nulya kesah mring Majapait | sapraptanirèng praja | lajêng canthèl atur | katur nulya tinimbalan | Radèn Patah lan Radèn Husèn kairid | mring Patih Gajahmada ||
60. Brawijaya angandika aris | marang sira wau kyana patya | bocah ing ngêndi wijile | ki patih lon umatur | pun Dipati Palembang siwi | abdinta Arya Damar | dene ingkang sêpuh | wawratan sing tanah Jawa | kalanira tinarimakkên kang bibi | dhumatêng Arya Damar ||
61. sampun wawrat sawêg tigang sasi | sakbabare gya sinarèn wawrat | mijil jalu Dyan Husène | Dipatya Plembang patut | sarêng myarsa wau sang aji | nulya amundhut kaca | ngilo sang aprabu | tinimbalan Radèn Patah | yêkti sami pasêmon lawan sang aji | miwah pasikonira ||
62. radèn kalih nèng jro pura lami | katarima pangawulanira | Dyan Husèn jinunjung linggèh | dadya Dipati Têrung | aran Pêcattăndha Dipati | sira Rahadèn Patah | kinèn ngulon wau |
--- 78 ---
yèn ana witing gêlagah | gandanira wangi kinèn andhukuhi | rahadèn awotsêkar ||
63. tur sandika nulya awotsari | ngaraspadanira sri narendra | Radèn Patah nulya lèngsèr | saking ing ngarsa prabu | amangulon dènnya lumaris | anuli wontên glagah | gandanira arum | winastan alas Bintara | nulya kèndêl dhêdhêkah pan sampun dadi | kang tumut wisma kathah ||
64. janma kanan kering samya prapti | lajêng babat nênandur sabarang | sêmana sampun arjane | ingkang tinandur tulus | cinacahkên ingkang tut wuri | rongèwu ingkang wisma | karya malih dhukuh | dhukuh-dhinukuhan kathah | ing Bintara pan sampun dèn êlih nami | ing Dêmak papucungan ||
14. Pocung
1. gantya wau Sunan Benang rine jalu | asru tapanira | Susunan Ngudung kang nami | aprawira ulah prang ingêring praja ||
2. ari malih wus padha wisma i[25] gunung | nênggih ngardi Murya | Sunan Murya awêwangi | sakêlangkung pinêsu sru tapanira ||
3. ari malih Sunan Darajat jêjuluk | têngga ingkang rama | milya anèng Ngampèlgadhing | tumut mulang raka Sunan Giripura ||
4. santri kathah majêng mundur minta wuruk | Sunan Giri mluwat | laminira tigang sasi | sawêdale momong putra lit karuna ||
5. sêdyanipun ngênêng-nêngi putra muwus | sela ingaranan | gajah nulya dadi èsthi | apa sira tan wêdi dêlêngên ika ||
6. ingkang sela gajah mêta sru lumayu | bêngak-bêngok munya | ngajrihi amobat-mabit | gadhing panjang mingis tumilal[26] lir kilat ||
7. sarêng miyat Susunan [Su...]
--- 79 ---
[...sunan] Giri anjumbul | ngrasa kabrabeyan | arikat dènira angling | hèh ta liman amaliha dadi sela ||
8. nulya dhêkêm kang dirada dadya watu | maksih gatra gajah | mangkana Susunan Giri | ngluwat malih tobat sumungkêm ing Suksma ||
9. dene nglairakên kodrating Hyang Agung | angsal kawan dasa | dina tinarimèng Widhi | wusnya luwar kondur dadi waliyolah ||
10. Sunan Ngudung apêputra Sunan Kudus | nglangkungi kabuka | sakèhing kang ngèlmi-ngèlmi | dadi pangulune Adipati Dêmak ||
11. Adipati Dêmak kadhawuhan prabu | Sang Sri Majalêngka | têtêp dadya adipati | sarupane wong Islam padha ngidhêpa ||
12. gawening wong salêksa măngka lêlungguh | dadya ratu Islam | kang manut andika nabi | nanging ingkang tan manut aywa pinêksa ||
13. pan maksiha agamane Budanipun | wong kang samya Islam | prasamya ngojok-ojoki | ingkang rama Sang Aprabu Brawijaya ||
14. prayogine tinêlukkên gamanipun | marènana Buda | manuta sarengat nabi | sigra dandan Sang Adipati ing Dêmak ||
15. abodholan sowan marang gurunipun | Sunan Ngampèldênta | ing Surabaya wus prapti | lajêng sowan manêmbah angaraspada ||
16. sawusipun rêrêp nèng Ngampèl sadalu | Adipati Dêmak | umatur saha wotsari | marang guru Jêng Susunan Ngampèldênta ||
17. marma amba sowan ing ngarsa pukulun | yèn parênging karsa- | nira nênggih sang ayogi | kalilana Maospait linanggara ||
18. jêr
--- 80 ---
puniku sawadyane maksih kupur | Jêng Sunan ngandika | dadya mêngkono ki bayi | iya apa alane sudarmanira ||
19. ingsun iki angawula sang aprabu | mungguh ing agama | sinakarêp tan nglarangi | pinaringan tanah kinarya pradikan ||
20. tanpa seba ngenak-enak amêmuruk | miwah marang sira | tumitahmu ngalam kabir | marganira iya saking ramanira ||
21. apa ingkang sira walêskên sang prabu | kinulawisudha | gêdhe sinungan nagari | wong salêksa ing Dêmak nama dipatya ||
22. mardika ngratoni agama sadarum | anganggo linarang | kang ngungkuli sira bayi | iba-iba pêparinge marang sira ||
23. dene lagi tan arsa Sêlam sang prabu | karsaning Pangeran | Allah durung amarêngi | anrimaa aywa gege măngsa sira ||
24. Adipati Bintara nèng Surèngkewuh | sampun tigang dina | lawan inggih tigang latri | pamit mantuk mring Dêmak sawadya budhal ||
25. pan sinigêg gêntya ta ingkang winuwus | Radèn Wilatikta | sasedane tilar siwi | pan sajuga Radèn Said namanira ||
26. sakêlangkung blunthah ing pakaryanipun | manggung ngabotohan | kêplèk kècèk dhadhu posing | yèn raina gur-anggure ngadu ayam ||
27. lamun kalah sinuwèk badaning sawung | yèn kalah bêbegal | dalune anggung mêmaling | ngadhang dalan kalamun ana wong liwat ||
28. wong sapuluh rongpuluh binegal purun | ingijèn kewala | kang wong rongpuluh barindhil | Radèn Said manggung matèni dêdalan ||
29. ri mangkana Jêng Sunan Bonang
--- 81 ---
lêlaku | nèng wana kapapag | arsa binegal Dyan Said | lon ngandika mara arsa begal ingwang ||
30. nora gawa donya sakondri ragèngsun | mung amundhi Allah | kêmput prakêmpa puniki | lamun arsa sira jêbèng begal dunya ||
31. wong nyang pasar Nglasêm ika akèh elur | gawa dunya kathah | sira begala ki bayi | Radèn Said anjomblong tan bisa ngucap ||
32. tanpa krêkat lêpas lampahe sang wiku | mlêbèng Masjid Tuban | mangkana Rahadèn Said | sapa mau liwat anèng ngarsaningwang ||
33. têka salin ing sak iki manah ingsun | ujare wong liwat | kang ginawa amung Widhi | angèbêki ing sakèhing bumi alam ||
34. nulya nusul Dyan Said marang kang langkung | nut labêting gănda | lir mayang jambe wangining | pan mangkono labêt kang wus aoliya ||
35. gandanipun ical judhêg anèng tajug | masjidira Tuban | sila nèng lataring masjid | datan ngaub kapanasên lan kodanan ||
36. ri mangkana Sunan Benang arsa wulu | miyos maring latar | aningali mring kang linggih | datan pandung yèn Said kang arsa begal ||
37. anèng wana dêdalan gêdhe duk pangguh | jêng sunan ngandika | dene sira jêbèng Said | apa karyanira sila anèng latar ||
38. nêmbah matur kula arsa anggêguru | dhumatêng paduka | basa Allah kadipundi | duk kapranggul lan amba têngahing wana ||
39. lon ngandika Sunan Benang wruhanamu | wong maguru awrat | tan kêna mlèpèng ing kapti | kinon malbu
--- 82 ---
gêni gêdhe mopo batal ||
40. Radèn Said tur sêmbah sumarah ulun | sanadyan lêbura | kawula datan sumingkir | anglabêti ing guru kang pangandika ||
41. ngandika rum Sunan Benang apa sarju | ingsun pêndhêm sira | wit sirarsa wruh ing Widhi | Radèn Said ature datan lênggana ||
42. gya pinêndhêm Dyan Said nèng kilèn tajug | Jêng Sunan gya kesah | lêlana nuruti kapti | ing saparan lamènira wus sawarsa ||
43. nulya wangsul mring masjid Tuban andhudhuk | papêndhêmanira | apa baya maksih urip | samêntase Dyan Said kêtêk kewala ||
44. tan ngarêjêt tan wontên ambêkanipun | lir kapuk pusuhan | sinandhingkên mring wong angi | ingiliran tinêmpuh ing kukus panas ||
45. gya ngarêjêt Radyan Said nulya lungguh | lajêng ngaraspada | sira sunan mangênjali | gya rinangkul kang jăngga mring Sunan Benang ||
46. wusnya lênggah winisik ngèlmu wus putus | ingajak tirakat | midêr-midêr mring wanadri | Jêng Susunan Benang aris angandika ||
47. lah tunggunên jêbèng iki têkên ingsun | cinêblokkên nulya | têkên nèng têngah wanadri | lamun ana uwong sira lumayua ||
48. atur sêmbah dhatêng sandika pukulun | gya jêng sunan kesah | tinilar lêlana malih | pan ingiring santri pêpitu nèng wuntat ||
49. lamènipun sampun wontên tigang taun | nulya jêng susunan | wangsul mring gène Dyan Said | sampun prapta ing têngah wana êgènnya ||[27]
50. santri pitu kinèn ngupadosi wau | marang sira Radyan [Radya...]
--- 83 ---
[...n] | Said kinèn animbali | dyan lumampah santri pitu wusnya pêdhak ||
51. Radyan Said sarêng mulat gya lumayu | lumajêng rumangkang | dèn bujung wong pitu sami | tan kacandhak palayune kadya kidang ||
52. malah rikat plajênge Dyan Said wau | wong pêpitu sayah | anututi mêmpis-mêmpis | wangsul matur marang Jêng Susunan Benang ||
53. ulun sampun nimbali Dyan Said wau | sarêng amba panggya | lumajêng rumangkang kêsit | sapuruge amba bujung tan kacandhak ||
54. pan gumujêng Sunan Benang emut ngandhut | kêkêpêlan sêga | ingasta nulya lumaris | ingindhikan Dyan Said nulya lumajar ||
55. gya binalang sêga kêpêlan kacundhuk | nuju mukanira | andhêkêm Rahadèn Said | miyat gurunira wau ingkang prapta ||
56. gya lumajêng Dyan Said mangaras suku | ngusapi dlamakan | Sunan Benang ngandaka[28] ris | wis luwara ki jêbèng sira mentara ||
57. mangulona mring Crêbon karyaa dhukuh | lan Êsèh Malaya | têmua lawan sang yogi | Sunan Gunungjati Carêbon kang wisma ||
58. gêgurua marang Jêng Susunan Makdum | wis sira mangkata | manira nutukkên kapti | atur sêmbah anulya ungkur-ungkuran ||
59. Sèh Malaya angampiri garwanipun | anèng ing Jêpara | lampahira tan kawarni | pan samarga-marga lumampah noraga ||
60. mindha pêkir pan wus lêpas lampahipun | langkung ing Sêmarang | nèng pasar kèh wong ningali | sami ngucap hèh ika daruwis apa ||
61. dene pêtêng paningale netraningsun [netraning...]
--- 84 ---
[...sun] | tyas ingong lap-lapan | dudu wadine wong iki | anèng soring wringin uwok ing trêbaya ||
62. wus kawarta Dipati Sêmarang gupuh | lajêng mentar panggya | lan Sèh Mlaya ingkang prapti | datan samar tingale lamun pandhita ||
63. atur sêmbah lajêng dènnya ngaras suku | Sèh Mlaya ngandika | para iki wong ing ngêndi | ngujung mring sun dudu sanak dudu kadang ||
64. lagi mêngko sun wêruh marang sirèku | apadene sira | lagi iki têmu mami | Sang Dipati Sêmarang matur tur sêmbah ||
65. măngsaborong badan amba mring sang wiku | măngsa kilapana | wulu salămba puniki | sakrêntêging manah amba pan uninga ||
66. dadya mèsêm ing galih sang mahawiku | Dipati Sêmarang | praptanira anglakoni | darma umat tumindak sakarsaning Hyang ||
67. iya jêbèng sun trima aturirèku | ingsun iki darma | nglakoni prentahing Widhi | ingsun arsa mampir ing masigidira ||
68. wis muliha praptaningwang mêngko surup | marang wismanira | tur sêmbah sang adipati | lèngsèr saking ngarsa wismane wus prapta ||
69. binisikan garwanira mêngko surup | sun bakal dhayohan | pasrah wisma anak rabi | sarupane dunyèngsun srahkên sadaya ||
70. aywa sira sumimpang ing karsaningsun | tur sêmbah kang garwa | datan lênggana ing kapti | mantêp marang priya aturnya sêndika ||
71. praptèng surup wus rawuh sang mahawiku | wismaning dipatya | kang rayi kinèn ngabêkti | mangusapi dalamakan sawusira ||
72. sang dipati tur sêmbah marang sang wiku | wisma dunya brana | garwamba kalawan siwi | kaatura [ka...]
--- 85 ---
[...atura] dhatêng sang yogi sadaya ||
73. sun tarima dipati aturirèku | ingsun karya apa | dunya angêbot-êboti | ingsun arsa salat nèng masigidira ||
74. wusnya têdhak asalatan nèng ing tajug | dhèrèk sang dipatya | amakmum maring sang yogi | sawusira salat bakdanira Ngisa ||
75. lon ngandika marang sang dipati wau | kabèh dunyanira | wèwèhna wong pêkir miskin | satêlase enggal sira mangidula ||
76. bumi Jawa miring mangalor sun dulu | sira awismaa | sasênêngira pribadi | dimèn timbang kang bumi ywa kongsi jomplang ||
77. para iman akèh nèng lor marmanipun | ikang[29] bumi jomplang | wus winulang sang dipati | saraosing ngèlmi sadaya wus wikan ||
78. gya umangkat mangilèn sang mahawiku | dalu sakêplasan | kari gana sang dipati | sakêlangkung manahe dènnya kasmaran ||
15. Asmaradana
1. ya ta wau kang lumaris | Sèh Malaya sampun prapta | ing Carêbon marak age | marang ingkang Jêng Susunan | Gunungjati duk lagya | pinarak nèng srambi tajug | tur sêmbah Ki Sèh Malaya ||
2. mangaras ing pada aglis | sawuse anulya lênggah | amêpês dhingkul silane | Sunan Makêdum ngandika | jêbèng slamêtan sira | Sèh Malaya matur nuwun | kapundhi wontên mastaka ||
3. angsala barkat sang yogi | ing salami amba gêsang | sang pandhita ngandika lon | apa karyanira prapta | marang ing ngarsaniwang |[30] Sèh Malaya awotsantun | inggih sumăngga ing
--- 86 ---
karsa ||
4. badan kawula puniki | kados botên kakilapan | sang pandhita mèsêm tyase | sirarsa maguru mring wang | rasaning sasmitèng Hyang | duk sira ngluwang sêtaun | ngèlmu wiladung kang murad ||
5. Sèh Malaya wus winisik | tan ana kang kaliwatan | Mahasuci iradate | wêruh sadurunge ana | lêgèng tyas Sang Sèh Mlaya | tur sêmbah nuwun pangèstu | arsa dhadhêkah mring wana ||
6. têpi nglèpèn kang prayogi | wus kalilan gya tur sêmbah | angaras suku lumèngsèr | Sèh Malaya sampun prapta | lèpèn satêngah wana | ing pulo Upèh ranipun | pan wontên galinggangira ||
7. gêng panjang nèng pinggir kali | kinarya sèndhèn yèn rina | kinarya jaga dalune | wira-wiri jaga-jaga | êbyare babat wana | sayah sèndhèn glinggang kayu | antuk kawan dasa dina ||
8. kang galinggang gêsang malih | angrêmbyang sami sakala | tăndha katrima karsane | kang banjaran sampun dadya | masigid wismanira | têtanêmanira asung | wowohan pêpak sadaya ||
9. wus akèh santri angaji | padhêkahan sri kawuryan | winastan Kalijagane | kèh ngulama Jawa prapta | mêguru Sèh Malaya | saya ngradon dhêkahipun | kanan kering milya wisma ||
10. gêntia ingkang winarni | Adipati ing Sêmarang | kang kasmaran ing gurune | kang pakon gya linampahan | dunyane binucalan | mring pêkir miskin sadarum | potange ngicalkên samya ||
11. amung garwanira ngênthit | kagunganira priyăngga | mas intên linêbokake | wuluh gadhing kinêbêkan [kinêbê...]
--- 87 ---
[...kan] | karya têkên karsanya | wus watak wanodya iku | cupêt piandêling manah ||
12. ngandika sang adipati | mring garwa dunya wus têlas | ingsun arsa lunga age | kapibrăngta ing Pangeran | atilar praja wisma | apa sira iya milu | apa ta sira karia ||
13. aturing garwa tut wuri | pêjah gêsang nglêbur tapak | lah ta iya wêkas ingong | nanging aja gawa dunya | ngandêla ing Hyang Suksma | garwa inggih aturipun | anulya sami umangkat ||
14. namane sampun angalih | aran Ki Sèh Sangubrăngta | arêrendhonan lampahe | labêting lampah wanodya | kang raka anèng ngarsa | rayi nèng wingking rinangu | têkên wuluh gadhingira ||
15. têngah wana Srondhol prapti | wontên wong arsa bêbegal | Ki Sangubrăngta wuwuse | wong begal sun tan gêgawa | kae sira begala | wong wadon tatêkênipun | wuluh gadhing isi sotya ||
16. wus lêpas Ki Sangubrangti | kang garwa Sarondhol prapta | ingandhêg kang begal age | nyai dika ingsun begal | têkên dika sun têdha | sanjange kang liwat kruhun | isi êmas lan sêsotya ||
17. nulya inguncalkên aglis | têtêkêne wuluh dênta | Ni Sangubrăngta ge-age | lampahe agya nyandhaka | dhumatêng ingkang raka | mung kari salendhangipun | lampahe Ki Sangubrengta ||[31]
18. wus prapta ing Ngêlopait | wontên malih wong bêbegal | Ki Sangubrăngta wuwuse | kisanak kang arsa begal | manira tan gêgawa | wong wadon [wado...]
--- 88 ---
[...n] |lumakyèng pukur[32] slendhange sira jaluka ||
19. lampahe laju lêstari | Ki Sangubrăngta wus prapta | ing Salatiga wus rèrèn | Ni Sangubrăngta wus prapta | Nglopait kandhêg nulya | marang kang bêbegal wau | hèh Nyai Salendhang dika ||
20. ujare ingkang lumaris | rumiyin kinèn jaluka | Salendhang nguncalkên age | Ni Sangubrăngta gya mangkat | prapta ing Salatiga | wus panggih lan kakungipun | rèrèn sangandhaping wrêksa ||
21. asanjang marang kang laki | yèn babêktanira têlas | binegal nèng dalan gêdhe | kang raka lon saurira | têka sira nrimaa | wus karsanira Hyang Agung | dèn mantêp ngandêl ing Suksma ||
22. anulya sami lumaris | datan kawarna ing marga | wus prapta desa Wêdhine | nèng masigid Wêdhi rarywan | garwa kinèn mondhoka | nèng ing wisma desanipun | saksana Ki Sangubrăngta ||
23. manggihi kauming Wêdhi | lumêbêt dadya marbotnya | angisèni padasane | masigid kinarya salat | yèn dalu ngambil toya | karanjang kang dèn ge ngangsu | mring lèpèn pangambilira ||
24. kinarya tatămba arip | pan sadalu muput kêbak | dèn go wong akèh rinane | karya wulu wisuh salat | kang toya datan têlas | tan ana wruh para kaum | kalamun banyu karamat ||
25. Ki Marêbot Sangubrangti | sabên dalu ngambil toya | rina ngaji mring kaume | apa ingkang dèn wurukna | turutan lip-alipan | pandêrêsira athêkul | kinarya anamur lampah ||
26. mangkana ing lami-lami | dados [da...]
--- 89 ---
[...dos] rêrasaning kathah | yèn Marbot dede wadose | padasan tan kêna têlas | dèn angge wong akathah | awulu kalawan wisuh | Jumungahe wong atusan ||
27. tan kêna têlas kang warih | tan wêruh pangangsunira | Ki Marêbot salawase | sakèhing wong jrih sadaya | mangkana Sangubrăngta | marang rabènira tutur | hèh Rubiyah kabrabean ||
28. payo lunga marang ardi | ing Jabalkat ingkang kiwa | aywa ana wong kang wêruh | dhasare luhur kang arga | mubêng sukuning wana | nuli mangkat kalihipun | sapraptanira Jabalkat ||
29. nulya ngadêgakên masjid | kalawan wismaning garwa | sampun pêpak saprantine | nulya ana parmaning Hyang | padasan êbèh bêsar | sampun wontên toyanipun | kinarya wulu asiram ||
30. mangkana alami-lami | Jêng Susunan kang dhadhêkah | Lèpènjaga yèn sabate | awisma wontên ing arga | satêlase tumindak | anèng taji ngandika rum | sumakeyan kang atapa ||
31. bok aja nèng pucuk wukir | katingal saking têbihan | mlaku ginunggung wong akèh | kang rinasan sarêng myarsa | grundêle gurunira | nulya amalorod gupuh | dhêlik lor wetaning wisma ||
32. kiwa têngên lêngkèh ardi | gantya ingkang winursita | sang dipati ing Dêmake | arsa maguru mring Benang | sawadya wus budhalan | wus panggih lawan sinuhun | ing Benang lon angandika ||
33. apa karyane ki bayi | tumêdhak mring wismaningwang | tyas ingsun luwih gênjote | sang dipati atur sêmbah | mangaras [ma...]
--- 90 ---
[...ngaras] padaning kang | ing sawusira umatur | arsa maguru ing tuwan ||
34. sun trima sêdyanirèki | mangulona dipun inggal | ing Kalijaga dhepoke | ana pandhita Sèh Mlaya | iku lah gurunana | bubuhane muruk ratu | Dipati Dêmak anêmbah ||
35. wus lèngsèr sawadya aglis | lajêng marang Lèpènjaga | tanah Carêbon prapta ge | wus panggih lan Sèh Malaya | Sang Sèh Malaya mirsa | yèn prentahe gurunipun | praptane sang adipatya ||
36. nulya sinugata aglis | mung ngliwêt kêndhil satunggal | ingingokakên wong akèh | godhong gêdhang kang kinarya | wêwadhah ingkang sêga | wong sawiji ngadhêp pupus | gêdhang nulya ingisenan ||
37. sang dipati kinèn kriyin | kinêdhukakên adhahar | sawuse nulya wadya kèh | ngasta solèt sang pandhita | midêr pangêdhukira | ulam jangan wus nèng ngriku | jro kêndhil pêpak sadaya ||
38. wus wrata kang godhong sami | kaisèn sêkul sadaya | wong sèwu wus kingon kabèh | sami anadhah sadaya | wau wadya ing Dêmak | abikut pamulukipun | raose kalangkung nikmat ||
39. salaminira abukti | datan kadya sapunika | sêgêr sumrahe badane | wus tuwuk maksih kang sêga | linorodakên samya | mring sikêp pakathikipun | prasamya tuwuk sadaya ||
40. wus masanggrahan prasami | kang wadya sèwu sadaya | sang dipatya nèng ngarsane | Sang Pandhita Sèh Malaya | aris ing aturira | milamba sowan pukulun | arsa puruhitèng tuwan ||
--- 91 ---
41. kalawan inggih mondhongi | tuwan wismaa ing Dêmak | amba adêgakên katong | sakarsa kang dinalêman | pan ing Dêmak sumăngga | darmi amba dados ratu | panjênêngan ngwasanana ||
42. ngandika sang mahayêkti | iya jêbèng sun tarima | sakèhe aturmu kuwe | iya ingsun mapan darma | ngèlmu kagunganing Hyang | gya sang dipati winuruk | ngèlmu karaton wus bisa ||
43. surasane ngèlmu batin | sadalu datan anendra | sang pandhita lon dêlinge | jêbèng dipati kang enjang | kondura marang Dêmak | aywa sumêlang dèn ingsun | dhingini sun mlaku wuntat ||
44. anusul marang sirèki | sandika enjang gya budhal | kondur sawadyabalane | sang dipatya sampun prapta | ing Dêmak kang nagara | Sèh Malaya dandan pungkur | bodholkên nak rabinira ||
45. pindhah mring Dêmak nagari | sang pandhita nulya mangkat | tanpa rewang mlampah dhewe | santrine kinèn ngiringna | putra lit lawan garwa | datan kawarna ing ênu | sang pandhita sampun prapta ||
46. anèng ing Dêmak nagari | wus panggih lan sang dipatya | sinarahkên sadayane | siti Dêmak kang kinarsan | kang dados dalêmira | sa[33] pandhita ngandika rum | ing Ngadilangu kewala ||
47. kang wontên ing tanah Jawi | Jêng Sunan Ngampèl kang măngka | para wali pangiride | wit ingkang sêpuh piyambak | sarta kang paring prênah | sêmana pan sampun nglumpuk | anèng ing Dêmak sadaya ||
48. Sunan Ngampèl Sunan Giri | Sunan Benang Sunan Murya | Sunan Ngudung lan Kuduse | Sunan Gunungjati prapta [pra...]
--- 92 ---
[...pta] | ambêkta nak putunya | kinèn ngèstrèni sadarum | kalamun Ki Sèh Malaya ||
49. ing mangkya jumênêng wali | nama Panêmbahan Sunan | Jagamara ki parabe | panutub wali sadaya | mangkana Jêng Susunan | Ngampèlgadhing gêrah sêpuh | wus anguntir ing kamuksan ||
50. seda Sunan Ngampèlgadhing | kang para wali sadaya | anyalatakên layone | sinarèkakên saksana | anèng ing Ngampèldênta | pra wali para makêdum | ngiringkên layon sadaya ||
51. wus sampurna ingkang lalis | Sunan Drajad putranira | kang gumantya têngga Ngampèl | mangkana nagari Dêmak | sangsaya arjanira | kang para wali wus rêmbug | atandang yuda kanaka ||
Punika taksih wontên candhakipun kasêbut ing Sêrat Babad ăngka 2.
--- [93] ---
Pratelaning Kalêpatan
[Ralat sudah dimasukkan langsung ke dalam teks.]
--- [0] ---
1 | ngèstrèni (kembali) ngèstrèni |
2 | Kurang satu suku kata: dongani apan gumuruh (kembali) Kurang satu suku kata: dongani apan gumuruh |
3 | wus (kembali) wus |
4 | tangisira (kembali) tangisira |
5 | satunggil (kembali) satunggil |
6 | rare (kembali) rare |
7 | ajrih (kembali) ajrih |
8 | wontên (kembali) wontên |
9 | Lebih satu suku kata: edan têmên bocah iki padha ngomyang (kembali) Lebih satu suku kata: edan têmên bocah iki padha ngomyang |
10 | sri (kembali) sri |
11 | Kurang satu suku kata: wus katur marang sri nata (kembali) Kurang satu suku kata: wus katur marang sri nata |
12 | bêbotoh (kembali) bêbotoh |
13 | Kurang satu suku kata: tan wontên kang ingowahan (kembali) Kurang satu suku kata: tan wontên kang ingowahan |
14 | sinêsêpan (kembali) sinêsêpan |
15 | kêmbên (kembali) kêmbên |
16 | panunggul (kembali) panunggul |
17 | Ni (kembali) Ni |
18 | sabin (kembali) sabin |
19 | ngadêgkên (kembali) ngadêgkên |
20 | sabakdane (kembali) sabakdane |
21 | Lebih satu suku kata: anèng Grêsik dhêdhukuh (kembali) Lebih satu suku kata: anèng Grêsik dhêdhukuh |
22 | Lebih satu suku kata: Ngabdul Kadir Kobra bêrkati (kembali) Lebih satu suku kata: Ngabdul Kadir Kobra bêrkati |
23 | Kurang satu suku kata: kang bayi gya tinabêla (kembali) Kurang satu suku kata: kang bayi gya tinabêla |
24 | Giri (kembali) Giri |
25 | ing (kembali) ing |
26 | tumingal (kembali) tumingal |
27 | ênggènnya (kembali) ênggènnya |
28 | ngandika (kembali) ngandika |
29 | ingkang (kembali) ingkang |
30 | ngarsaningwang (kembali) ngarsaningwang |
31 | Sangubrăngta (kembali) Sangubrăngta |
32 | pungkur (kembali) pungkur |
33 | sang (kembali) sang |