Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 148–151)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 595r lanjutan] ---
148. Durma
[Wadya Surabaya dipunpandhégani panji Surèngrana lan juragan Bali campuh yuda mengsah wadya Kartasura. Wadya Surabaya mengsah jurit lawan kumpeni. Adipati Cakraningrat saking Mandura séda, amargi kawon perang mengsah kumpeni.[1]]
1. Panji Surèngrana rame dènnya yuda | lan wong măncanêgari | myang wong Kartasura | buru-binuru samya | wadya lit kathah ngêmasi | sapih kang yuda | nênggih kasaput wêngi ||
2. kutha Jipang anênggih sampun kancikan | mring wong Kartasurèki | Panji mundur sigra | dhatêng nagri Lamongan | watên dasih tur upêksi | yèn nagri Tuban | sampun kancikan malih ||
3. mring Ki Răngga wong pasisir kang binêkta | Langsêm Kudus lan Pathi | Rêmbang myang Juwana | Apanji Surèngrana | mila mundur sawadyèki | kang kawarnaa | Dewa Kaloran nênggih ||
4. praptèng malih bêkta pugawa têtiga | kèndêl nagri Garêsik | dening kyèhing bala | pitung atus sadaya | wastaning pugawa mantri | pun Dewa Songa | lan Dewa Made nênggih ||
5. Dewa Gung wastane ikang satugal |[2] Panji Surèngranèki | amanggihi sigra | mring Garêsik nagara | Dewa Kaloran apanggih | lan Surèngrana | apirêmbagan sami ||
6. risampune dènira apirêmbagan | arsa banjêla malih | dhatêng nagri Jipang | sira De[3] Kaloran |[4] bêktani satus wong Bali | watên satugal | têtiyang ing Garêsik ||
7. pan binêkta maring Panji Surèngrana | aran Juragan Bali | agêng manahira | sugih wong têtêbusan |
--- [f. 595v] ---
dêdêge agêng aigil | kyai jaragan[5] | kêras ambêking rèki ||
8. kaduk wani tate aprang ing lautan | wus binêkta tumuli | mangsah dhatêng Jipang | rabine ki juragan | ginandhèn dhatêng Apanji | kinèn abêkta | dhatêng ing Surawèsthi ||
9. para dewa prasamya kantun sadaya | anèng nagri Garêsik | Panji Surèngrana | mangkat sawadyanira | ikang kinarya pangarsi | kyai juragan | tan kawarna ing margi ||
10. lampahira sampun prapta nagri Jipang | sigra campuh tumuli | lan wong Kartasura | lan sagung pra pugawa | măncanagri pêpêk sami | nèng nagri Jipang | kang minăngka têtindhih ||
11. Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | lakung ramening jurit | ya ta Ki Juragan | Bali sigra umangsah | têdhak saking ing turanggi | angamuk rampak | wong têtêbusan ngiring ||
12. Ki Juragan Bali tandange lir yaksa | kang tinarajang gusis | wadyabala Jipang | kathah longe kang pêjah | tuwin wong măncanêgari | akèh pralena | sigra mundur tumuli ||
13. sakathahe pugawa măncanêgara | myang wong Kartasurèki | kèngsêr barisira | watên sakilèn kitha | desa Barongkol dèn goni | sagung pugawa | prasamya abêbiting ||
14. kitha Jipang anênggih sampun kancikan | dhatêng Surèngranèki | sigra watên duta | prapta atur uninga | yèn Sidayu dèn [dè...]
--- [f. 596r] ---
[...n] anciki | dhatêng Ki Răngga | Tuban lan wong pasisir ||
15. ing bang kilèn ingirid dhatêng Ki Răngga | sigra Juragan Bali | kinèn umangsaha | mri Sidayu nêgara | sampun binêktan wong Bali | sèkêt kathahnya | nulya mangkat tumuli ||
16. Ki Juragan Bali lampahe wus prapta | ing Sidayu nêgari | campuh punang yuda | angamuk ki juragan | Ki Răngga Tuban tan gisir | ramening yuda | wong pasisir kyèh mati ||
17. Kyai Răngga wus lumayu marang Tuban | lawan wadyèng pasisir | Sidayu wus bêdhah | kancikan ki juragan | sagunge bala pasisir | ngumpul mring Tuban | pan sampun abêbiting ||
18. Ki Juragan Bali angusir mring Tuban | sigra angrasang biting | nanging nora kangkat | Kyai Răngga ing Tuban | darbe têtukon wong Bali | mung tigang dasa | sigra kinon miyosi ||
19. ananggulang yudane kyai juragan | sigra têmpuh ing jurit | kuwêl dènnya yuda | wong Bali tigang dasa | pangamukira angukih | kyai juragan | pagih datan gumisir ||
20. wong têtukon tandange lir singa lodra | kang tinarajang gusis | wonge ki juragan | akathah ikang pêjah | miwah wadyanira Panji | kang tinindhihan | maring Juragan Bali ||
21. tiyang Bali sèkêt pan tumpês sadaya | siji tan ana kari | sira ki juragan | sigra mundur lolonan | pan sampun atur [a...]
--- [f. 596v] ---
[...tur] upêksi | mring Surèngrana | yèn asor dènnya jurit ||
22. sira Panji Lamongan lakung bramatya | nulya mangkat mring Tubin | lan sawadyanira | prapta nagri ing Tuban | lajêng campuh ikang jurit | ramening yuda | wong Tuban kathah mati ||
23. wus kalindhih yudane Răngga ing Tuban | wadyanira kèh mati | kuthanya kancikan | marang Panji Lamongan | nêgari Jipang winarni | saukurira | Panji Surèngranèki ||
24. ingancikan malih mring Kartanêgara | myang Surawijayèki | sarta pradadanan | wadya măncanêgara | sadaya kinêrig malih | wadya ing Jipang | sampun agêng kang baris ||
25. Kyai Răngga ing Tuban ikang kawarna | anèng Lasêm nêgari | sami bêbarisan | wong Pathi lan ing Rêmbang | Kudus Juwana pan sami | abêbarisan | anèng Lasêm nagari ||
26. kawarnaa Ki Tumênggung Cakrajaya | taksih wontên Sêmawis | anganti Wêlănda | kang saking Batawiyah | nanging Ki Citrasomèki | kinèn ngluruga | angrêbat[6] nagri Tubin ||
27. wong pasisir kiwa nênggih kang binêkta | sigra mangka[7] tumuli | tan kawarnèng marga | wus praptèng nagri Tuban | lajêng campuh punang jurit | rame kang yuda | samya rok silih ukih ||
28. pan kinêpung wau nêgari ing Tuban | dening bala pasisir | Panji ing Lamongan | pan kêkathahên lawan | wus kèsêr sawadyanèki | mring Maronggahan | tinilar kitha Tubin ||
29. wong bang kilèn angêbroki kutha Tuban | ya ta
--- [f. 597r] ---
ikang kawarni | Kyai Cakrajaya | budhal saking Sêmarang | angirid bala Kumpêni | pan sabragada | tanapi tiyang Bugis ||
30. lan Mêkasar Ambon Têrnete Sêmbawa | Minangkabu tan kari | watawis sanambang | dene pangagêngira | Kumêndur Gobyo namèki | lawan Kapitan | Krasbun andêling jurit ||
31. sira Amral Baritman kantun Sêmarang | lawan bala Kumpêni | nênggih sabragada | asohan nèng Sêmarang | Ki Patih Cakrajayèki | lajêng mring Tuban | ngêrig bala pasisir ||
32. praptèng Tuban Ki Cakrajaya utusan | mring Kartanêgarèki | kinèn lumaksana | mring nagri Surabaya | yya ngrawati riwut margi | têka lajua | marang ing Surawèsthi ||
33. pan manira mancal saking nagri Tuban | anjog ing Surawèsthi | ya ta sampun rêmbag | Kyai Kartanêgara | wus mangkat sawadyanèki | miyos andharat | kang tinilar ing wuri ||
34. Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | kinèn jaga nêgari | bilih Surèngrana | ngiwad-ngiwud ing wutat | Ki Patih Cakrajayèki | pan sampun mancal | lawan bala Kumpêni ||
35. miyos laut sampun lajêng lampahira | kang tinilar ing wuri | Arya Kudus lawan | pêpatihing Jêpara | kang aran Ki Wirasantri | kang kawarnaa | Panji Surèngranèki ||
36. duk Ki patih Cakrajaya anèng Tuban | lêngsèr[8] Surèngranèki | saking Maronggahan | sarêng ki patih mancal | sira Panji wangsul malih | mring Maronggahan [Marong...]
--- [f. 597v] ---
[...gahan] | lawan Juragan Bali ||
37. ki juragan tansah apikir ing nala | kayaparan Si Panji | dènnya badayuda | musuh wong sanêgara | dèn lurugi mring pêpatih | Si Surèngrana | dadya musuh sang aji ||
38. isun iki dadi milu wong duraka | ciptane ati mami | kala isun dagang | layar anèng lautan | mila isun iki sugih | barkating nata | ikang sun pundhi-pundhi ||
39. mila isun sugih êmas myang salaka | tan lyan barkat narpati | sun suwun ing murda | ya ta kyai juragan | nulya api-api sakit | pan ora mangan | puwasa pati gêni ||
40. arsa pamit sarasan măngsa awèha | milane api gêring | antuk pitung dina | wau dènira pasa | ki juragan lajêng mising | katur mring Panjya | yèn ki juragan sakit ||
41. Ki Juragan Bali kinèn mantuk sigra | mring nagari Garêsik | ginatong ing bala | wêlingira Apanjya | hèh poma Jaragan Bali | yèn sira saras | nuli balaya[9] maning ||
42. tan kawarna ing marga kyai juragan | sampun prapta Garêsik | nulya mangan sêga | sakite wus waluya | ya ta gêntya kang kawarni | Rêkyana Patya | Cakrajaya wus prapti ||
43. lan Kumêndur Gobyo wau rowangira | samya jujug mring loji | nênggih kacarita | loji ing Surabaya | Walandi kang jaga kêdhik | mung kawan dasa | sami angati-ati ||
44. pan mèh bêdhah rinungrah[10] dene ing mêngsah | nulya Rêkyana Patih | Cakrajaya prapta | myang sagung pra pugawa | wus pêpêk [pêpê...]
--- [f. 598r] ---
[...k] nèng Surawèsthi | sawadyanira | tuwin sagung Kumpêni ||
45. Ki Tumênggung Kartanêgara wus prapta | nêgari Surawèsthi | baris kidul kitha | aran desa Sapanjang | nulya angaturi tulis | marang nata |[11] miwah rêkyana patih ||
46. Cakrajaya prasamya ngaturi sêrat | dhatêng sri narapati | duta lumaksana | wus prapta Kartasura | sêrat katur mring nrêpati | wus tinupiksa | bêbukani[12] kang tulis ||
47. sêratira Kiyai Kêrtanêgara | pinariksa mring aji | kacaryan sang nata | adangu marang duta | iki sapa kang anulis | duta wotsêkar | pukulun kang anulis ||
48. abdi dalêm kêkasih pun Saratruna | anake Sarawadi | lingira sang nata | warahên gustinira | carike sun pundhut makin | dèn ulihêna | marang Kartasurèki ||
49. ikang duta kêkalih sampun tinulak | pan binêktanan tulis | punang duta mêsat | ya ta kang kawarnaa | kang baris ing Surawèsthi | ayun-ayunan | prasamya abêbiting ||
50. sakathahe pugawa ing Kartasura | tuwin bala Kumpêni | prasami prayitna | mariyême tinata | tanapi wong Surawèsthi | prayatnèng baya | tan ana sêdya urip ||
51. kawarnaa para dewata têtiga | kang anèng ing Garêsik | susah manahira | sira Dewa Kaloran | sarêng dhatêng laji[13] sakit | nulya angundang | marang Juragan Bali ||
--- [f. 598v] ---
52. Ki Juragan Bali sampun praptèng ngarsa | Dewa Kaloran angling | hèh kyai juragan | manira atêtanya | ya ta pa wartaning mangkin | ing pabarisan | pan sira lagya prapti ||
53. Ki Juragan Bali alon saurira | nênggih mangke pun Paji[14] | anèng Maronggahan | musuhe kathah prapta | myang kang dhatêng Surawèsthi | pêpatih nata | Cakrajaya namèki ||
54. para dewa ajêgu[15] tan kêna ngucap | mirsa tuturing rèki | nênggih ki juragan | angling Dewa Kaloran | marmane manira prapti | ing nusa Jawa | sagupe Si Apanji ||
55. pakonipun Susunan Pakubuwana | mêngko patihe prapti | yèn pakonaneya[16] | măngsa dèn lurugêna | pêpatihe sri bupati | hèh ya juragan | manira make mulih ||
56. Ki Juragan Bali alon wuwusira | yèn dika arsa mulih | mring Nusakambangan | kawula asung wikan | dhumatêng rêkyana patih | pamrih kawula | dika antuka margi ||
57. yèn Tumênggung Cakrajaya datan suka | dika tan antuk margi | pan nagri Mandura | Sumênêp Pamêkasan | kaparentah mring ki patih | nênggih panduka | tumut marang Ki Panji ||
58. yakti dika amêngsah wong sanêgara | pun Surèngrana Panji | duraka ing nata | angling Dewa Kaloran | sakarsanisun umiring | Kyai Juragan | Bali utusan aglis ||
--- [f. 599r] ---
59. tur uninga mring Ki Patih Cakrajaya | punang duta wus prapti | nagri Surapriga | tundhuk lawan apatya | ikang duta atur tulis | dyan tinupiksa | dhatêng rêkyana patih ||
60. lakung tustha Ki Tumênggung Cakrajaya | mirsa ungêling tulis | tinulak kang duta | sarta kyai juragan | tinimbalan mring ki patih | lan angatêrna | sagung para dewèki ||
61. duta prapta ki juragan lakung tustha | sagung para dewèki | ingaturan budhal | miwah kyai juragan | angatêrakên ing margi | mring para dewa | ing Palasa wus prapti ||
62. para dewa sampun lajêng lampahira | sira Juragan Bali | dhatêng Surapriga | sami ukur-ukuran | ki juragan aglis prapti | ing Surabaya | sohan marang ki patih ||
63. Ki Tumênggung Cakrajaya suka ing tyas | gènira animbali | marang ki juragan | dening gagah prakosa | dêdêge agêng aigil | sugih sêntana | ki juragan tinari ||
64. apa wani marang Panji Surèngrana | ki juragan turnèki | purun agêcêka | mring Panji Surèngrana | ing pundi goning pinanggih | pun Surèngrana | purun atakêr gêtih ||
65. Ki Tumênggung Cakrajaya angandika | yayi Tumênggung Têgil | sira tindhihana | marang adhi juragan | bêktaa pugawa kalih | Barêbês lawan | yayi ing Lèpèntangi ||
66. Ki Tumênggung Têgal ature sandika | sigra mangkat tumuli | lawan ki juragan | tan kawarna [kawar...]
--- [f. 599v] ---
[...na] ing marga | wus prapta nagri Garêsik | lajêng umangsah | mring Lamongan nêgari ||
67. Panji Surèngrana makya lagi prapta | sawadyanya lumiring | saking Maronggahan | sampun praptèng Lamongan | nulya ki juragan prapti | sawadyanira | lawan Tumênggung Têgil ||
68. dyan ginêcak wau nêgari Lamongan | rame gènira jurit | sira ki juragan | têdhak saking turăngga | angamuk sawadyanèki | lir singa lodra | kang tinarajang gusis ||
69. wus kalindhih yudane Panji Lamongan | wadyanira kèh mati | kèsêr saking kitha | lumayu dhatêng wana | kulawarganira ngiring | wadya Lamongan | tan ana têluk siji ||
70. Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | saking kilèn nadhahi | Ki Răngga ing Tuban | saking êlor nêrajang | Panji Lamongan tan gisir | mêmpên ing wana | dahat tan kêna pinrih ||
71. samya mênggah sagunging kang pra pugawa | sigra mundur tumuli | Ki Tumênggung Têgal | miwah kyai juragan | wus mundur maring Garêsik | sawadyanira | ya ta ikang kawarni ||
72. Ki Tumênggung Kartanêgara kalawan | Patih Cakrajayèki | prasami utusan | dhatêng ing Kartasura | sarta angaturi tulis | myang Saratruna | ingaturakên makin ||
73. mring sang nata sarya ngaturi uninga | yèn Juragan Garêsik | agêng manahira | purun labuhi[17] karya- | nira kanjêng sri bupati |
--- [f. 600r] ---
duta wus prapta | cundhuk lawan sang aji ||
74. Saratruna wus katur ngarsa narendra | lakung trustha nrêpati | sigra tinimbalan | sira Ki Saratruna | wus kinarya lurah carik | ngalihkên aran | Carik Badra namèki ||
75. sri narendra ngandika dhatêng sang duta | warahên si apatih | mêngko Si Juragan | Bali ya gêmpalêna | têlung atus wong Garêsik | sun wèhi aran | Ngabèi Tohjayèki ||
76. punang duta atur sêmbah sigra mintar | tan kawarna ing margi | prapta Surabaya | matur dhatêng ki patya | yèn katarima aturnèki |[18] Ki Cakrajaya | lakung tustha ing galih ||
77. ki juragan nulya wau tinimbalan | dhatêng ing Surawèsthi | lan Tumênggung Têgal | Kyai Puspanêgara | Garêsik nênggih kang kari | kinon jagaa | nagari ing Garêsik ||
78. Ki Tumênggung Têgal praptèng Surabaya | lawan Jaragan Bali | sampun ingaranan | Ki Ngabèi Tohjaya | kalakung suka ing ati | kang kawarnaa | Panji Kartayudèki ||
79. arinipun Dipati Jayapuspita | ing mangke lagya prapti | saking nagri Daha | datan malêbèng kitha | angrêriwut anèng jawi | kyèhe kang wadya | rongèwu winatawis ||
80. bala Kartasura kang baris Sapanjang | nênggih kang dèn setani | wong Kartanêgaran | tan bisa golèk pangan | yèn sampun akanthi biting | watawis srusan[19] | kala ing Kartawani [Kartawa...]
--- [f. 600v] ---
[...ni] ||
81. ngiwad-ngiwud sira Panji Kartayuda | pinarapat kang dasih | bêdhug dalu prapta | ngamuk sawadyanira | bakda subuh prapta malih | angamuk rampak | Panji asar pan prapti |[20]|
82. sêdhih kikin kang baris anèng Sapanjang | tan ana kang binukti | Panji Kartayuda | kang ngadhangi ing marga | ya ta gênti kang winarni | Ki Cakrajaya | apirêmbagan sami ||
83. lan Kumêndur Gobyo wau rowangira | angling rêkyana patih | hèh kumêndur nêdha | mangsah ing adilaga | punapa kang dèn antèni | pan sampun lama | nèng nagri Surawèsthi ||
84. ling Kumêndur Gobyo hèh ki patih nêdha | sigra rêkyana patih | undhang mring pugawa | kinèn sami siyaga | sakêpraboning ajurit | sagung pugawa | nêmbang têngara aglis ||
85. nulya mêdal wau saking pabitingan | wong alit sami kardi | tikês[21] lawan jagang | ikang lumampah ngarsa | dening tatani[22] kang baris | Kumpêni têngah | dadya dhadhaning jurit ||
86. tuwin wadya Makasar Bugis Sêmbawa | tan têbih lan Walandi | kang dados pangawat | Dipati Jayaningrat | anindhihi wong pasisir | ikang pangiwa | dadya pangawat kering ||
87. ikang têngên pan dadya pangawat kanan | kang minăngka têtindhih | Kyai Adipatya | Citrasoma Jêpara | Tumênggung Cakrajayèki | pan anèng têngah | nunggil lawan Kumpêni ||
88. kadya mêndhung barise [ba...]
--- [f. 601r] ---
[...rise] rêkyana patya | awor baris Kumpêni | tan kêna winilang | sakyèh papan kèbêkan | tanapi bala pasisir | tanpa wilangan | tinon lir parbatêpi[23] ||
89. wadya Surabaya sampun asiyaga | kang anindhihi baris | nênggih arinira | Arya Jayapuspita | warnanya anom apêkik | pan sanès biyang | lan Jayapuspitèki ||
90. kêkasihe gêntèni syarga kang rama | ran Jangrana Ngabèi | kang kinarya dhadha | para kaum sadaya | prasamya rasukan putih | para ulama | pitung atus kyèhnèki ||
91. para kêtib tinon lir kuntul sarawa | sami anyuthe cundrik | sarya ngagêm watang | tan kêna kawoworan | sira Ki Pangulu Hakim | ikang minăngka | têtindhihe prang santri ||
92. lan Pangulu Ambakaji[24] sisihira | sagung kang para mantri | mantri Surabaya | kang kinarya pangawat | dening Kyai Adipati | Jayapuspita | mugèng ing wuri têbih ||
93. sigra budhal saking salêbêting kitha | rêbat papaning jurit | dhusun Pakapasan | nênggih dènnya amapan | Kumêndur Gobyo glis prapti | sawadyanira | myang pugawa pasisir ||
94. sigra campuh wau dènira ayuda | Wêlandi ambêdhili | kaum Surabaya | samya nêdhak sadaya | anèng ara-ara sami | Kumpêni sigra | wanti-wanti ambêdhil ||
95. sampun pêtêng
--- [f. 601v] ---
samadyaning adilaga | dening kukusing bêdhil | kaum Surabaya | sarêng pangamukira | sigra Ki Pangulu Hakim | ngamuk manêngah | lawan Ki Tambakaji ||
96. ki pangulu kêkalih tandang lir yaksa | galak amăngsa daging | kukusing sundawa | sinusupan kewala | sampun campuh ikang jurit | rame kang yuda | apanggih padha wani ||
97. Angabèi Jangrana sigra angatag | marang ing para mantri | Dêmang Wirasraya | lan Rănggalawe sira | dêmang ngabèi yya kari | lan Singanala | myang Si Singalagèki ||
98. Sêcapura miwah sira Sindubaya | sami andêling jurit | samya kinèn mangkat | sarêng kinèn gitika | lawan kapunakannèki | Jaka Tangkêban | anênggih kang wêwangi ||
99. têtilare Ki Adipati Jangrana | warnanira apêkik | anging maksih bocah | sira Jaka Tangkêban | kinarya têtindhih mantri | sigra umangsah | campuh pangawat kering ||
100. sarêng nêmpuh ngamuk mantri Surabaya | tandangira ngajrihi | Ngabèi Jangrana | sigra wau umangsah | ingiring wong Talangpati | pangawat kanan | nênggih ikang ginitik ||
101. sigra campuh pangawat kering lan kanan | sênjata sarêng muni | mriyêm lawan gurnat | syaranya kadi gêlap | sakêthi pan barêng muni | barung lan surak | lir
--- [f. 602r] ---
bêdhah kang pratiwi ||
102. ramening prang tibane mimis lir udan | gumrah sambating kanin | myang putunging watang | tikêl ikang warastra | suwèking gandera atra |[25] myang kang daludag | lêlayu angliputi ||
103. ing paprangan pêtêng dhêdhêt alimêngan | riwut lir têngah wêngi | kaum Surapriga | wau pangamukira | anêmpuh baris Kumpêni | ulêng-ulêngan | Walandi datan gisir ||
104. para kêtib tandang kadya andaka |[26] lagya atawan kanin | ngamuk lan curiga | sami kuthah ludira | ikang samya bajo putih | kadi sangkêlat | abang lamun kaèksi ||
105. wadya Bugis Makasar sami umangsah | tulung maring Kumpêni | kaum Surabaya | liwung pangamukira | wong Bugis tinêmpuh wani | ramening yuda | sami lêmbing-linêmbing ||
106. ting barêkuh syarane kang badayuda | pêdhang-pinêdhang sami | kêtib Surapriga | tandangira lir singa | sêdhênge amăngsa daging | nuduk anigas | gulu manguwir-uwir ||
107. wadya Bugis Makasar gêmpang suh sirna | tuwin bala Kumpêni | tumpês sabragada | wangke lir wêwukiran | ing paprangan banjir gêtih | sarah kumbala | endhe[27] lir palya konthing ||
108. kang turăngga pêjahe lir pendah karang | dhadhap tamèng myang tamsir | tinon kadya mina |
--- [f. 602v] ---
angambang nèng samodra | awor lindhu andhatêngi | agrèng parbatang | menggung lyir rul[28] kang ardi ||
109. kang akasa[29] kêlab-kêlab kadi bêlah | liwêran kilat thathit | lintang ting samburat | tinon kadya kiyamat | bala Kumpêni sirnanting | sisaning pêjah | lumayu ngusi biting ||
110. kang pangawat kering sigra tinarajang | mring mantri Surawèsthi | tandange lir yaksa | sira Jaka Tangkêban | ikang kinarya têtindhih | rame kang yuda | mêngsah bala pasisir ||
111. sira Jaka Tangkêban mangamuk rampak | kang tinarajang ngisis | Dipati Janingrat | sumyur sawadyanira | dèn amuk ing para mantri | wong Pakalongan | sami lumayu wiwrin ||
112. ya ta wau Apanji Wiranêgara | awas dènnya ningali | yèn Sang Adipatya | Jayaningrat malayya | arsa pêpulih ing jurit | mingêr barisnya | kasêlak musuh prapti ||
113. pan kalakung Apanji Wiranêgara | wadyabala ing Têgil | datan antuk papan | gêgêr madyèng malagan | tinarajang saking wuri | myang kering kanan | para mantri ing Têgil ||
114. sami dhepok tan ana ikang lumajar | kawratan sihing gusti | wadya Surapriga | asru panêmpuhira | wong Têtêgal dèn bêdhili | pan tinowokan | binusuran linêmbing [linê...]
--- [f. 603r] ---
[...mbing] ||
115. kacarita Tumênggung Wiranêgara | darbe ara[30] satugil |[31] aran Yagrayuda | nangis nungkêmi pada | tuwin ikang para mantri | sami karuna | sarya matur ing gusti ||
116. gustinisun Apanji Wiranêgara | lumayua tumuli | rêbuta Koripan | ngusia pambitingan | patine isun andhêmi | agèr panduka | tulusa mukti sari ||
117. sira Panji Wiranêgara ing Têgal | amicarèng jro ngati | sêdya lumayua | măngsa wurunga pêjah | mandah ucape ing bumi | yèn sun lumajar | benjang nak putu mami ||
118. sri narendra tan arsa angawulakna | utamaning bupati | pêjah ngadilaga | angling Wiranêgara | hèh sakèhe sanak mami | ngong milya pêjah | ambelani sirèki ||
119. wadyabala ing Têgal kakehan lawan | kiwul-kiwul tanpalih | mantri Surabaya | lakung sudirèng rana | lagya winong ing Yyang Widi | jinayèng ing prang | marma tan palih[32] tandhing ||
120. Ki Tumênggung Têgal lir Parta atmaja | duk rinêbut ing jurit | marang wong Ngastina | ikang para sêntana | kawan dasa kathahnèki | tumpês sadaya | siji tan ana urip ||
121. kang binêkta bawat lante myang kêndhaga | pêjah ngarsaning gusti | sira Sang Apanjya | Wiranagara Têtêgal |[33] jajanira akrêp[34][35] kanin | pating paluncar [palu...]
--- [f. 603v] ---
[...ncar] | niba nulya ngêmasi ||
122. marang gone kalih atus ikang pêjah | parêng kalawan gusti | wadya Surabaya | samya asêmu waspa | miyak kunarpane rèki | Wiranêgara | bagus lêgawèng pati ||
123. kawarnaa Ki Tumênggung Cakrajaya | mundur sawadyanèki | Kumpêni wus risak | kumêndur ing Sêmarang | tan pisah lawan ki patih | sabalanira | angusi marang biting ||
124. kang pangawat têngên wus sumyur sadaya | tan ana măngga pulih | akèh kang palastra | kagêbyur jroning toya | Ki Ngabèi Tohjayèki | tumut pangawat | kanan sarowangnèki ||
125. kancanira Kyai Ngabèi Tohjiwa | arsa nagulang jurit | nanging kèlês ing wadya |[36] ikang sami lumayya | dadya akiwul tan pulih | wêkasan misah | lumampah nurut kali ||
126. manggih jukung anèng sapigiring toya | nulya dipun titihi | lan sarowangira | karsanira wardaya | angulari ki apatih | kapanggih sigra | mêntas sarowangnèki ||
127. wus malêbêt marang sajro pabitingan | panggih lawan ki patih | sami ngungunira | ature Ki Tohjaya | kyai andika tangguhi | sampun lumajar | darapon tiyang alit ||
128. wontên pangungsène ikang sami lumayya |[37] tuwin bala Kumpêni | sasisaning pêjah | dening
--- [f. 604r] ---
jasad kawula | sampeyan damêl pangarsi | Ki Cakrajaya | lakung tustha ing galih ||
129. amiyarsa ature Kyai Tohjaya | nulya bala pasisir | kang sami lumajar | wus sami tinimbalan | kacarita kyai patih | adarbe wadya | wolung dasa kèhnèki ||
130. wayahira sadaya maka taruna | rinayat tur ginajih | nênggih ingaranan | tiyang Tarunasura | sami kinulambèn kuning | asikêp watang | mamas sami jinigring ||
131. dening bala kapatihan ikang kathah | dadya pangawat kering | myang pangawat kanan | Kiyai Sutayuda | ikang minăngka têtindhih | lan Ekatruna | sami angraksa biting ||
132. mugèng kering Ki Ngabèi Sutayuda | têngên Ekatrunèki | bala Surabaya | anulya wau prapta | angêlud dhatêng ki patih | umyang kang surak | gong bèri asru muni ||
133. kala ganjur tinêmbang munya angakang | barung lan Carabali | wadyèng Kartasura | angrês ing manahira | miyarsa gamêlan atri | wong Surabaya | alok sarya ambêdhil ||
134. nulya ngrasang bitinge Ki Cakrajaya | sigra campuh kang jurit | wadya Trunasura | tinêmpuh barisira | wong Trunasura tan gisir | rame kang yuda | samya rok silih ukih ||
135. Ki Tohjaya pangamuke kadi yaksa |
--- [f. 604v] ---
nèng ngarsane ki patih | bala Surabaya | kang tinarajang bubar | Tumênggung Jcakrajayèki[38] | angagêm rotan | nindhihi anèng wuri ||
136. sêmangsane wong Trunasura mêkaba[39] | ki patih anudingi | ngrotan sarya mojar | hèh bocah Trunasura | padha awangsula malih | ayya lumajar | isun ajaluk kardi ||
137. marang sira sapisan iki kewala | wong Trunasura bali | sabên arsa mêngkab | Tumênggung Cakrajaya | kadya punika dènnya ngling | wong Trunasura | dadya kukungh[40] kang jurit ||
138. pra pugawa pasisir mawur sadaya | sami ngusi ki patih | wadya Surabaya | asru pangêludira | kang kacandhak dèn pêjahi | wong Pakalongan | akèh longe kang mati ||
139. Ki Tumênggung Puspanêgara ing Batang | maksih kathah kang ngiring | lumayu lolonan | ngusi Ki Cakrajaya | sarêng parêk lan ki patih | wong Trunasura | wau ikang nulunging[41] ||
140. sampun ngumpul lan Tumênggung Cakrajaya | wus binubuhan biting | Kyai Citrasoma | myang Dipati Janingrat | anunggal dadi sawiji | wong Surabaya | kaburu sampun prapti ||
141. anêrajang bitinge Ki Ekatruna | sampun campuh kang jurit | rame gènnya yuda | sira Ki Ekatruna | anênggih katiban mimis | jajanya bêngkah | niba sampun ngêmasi [ngê...]
--- [f. 605r] ---
[...masi] ||
142. kancanipun prasamya mawur sadaya | wadya ing Surawèsthi | tandange lir yaksa | mèh mugah pabitingan | kyai patih ngatag aglis | wong Trunasura | wau kinèn nulungi ||
143. myang Kumpêni samya anulungi yuda | ya ta kasaput wêngi | mantri Surabaya | mundur samya ambêkta | kunarpanira Apanji | Wiranêgara | wadyanira kang mati ||
144. karsanira pinatak[42] ing Surabaya | sêsanake kang lalis | datan kênthang-kênthang | binakta mring jro kitha | Ki Arya Japuspitèki | mundur mring kitha | sawadyanya umiring ||
145. praptèng wisma sigra anabuh gamêlan | mugang pinirsa atri | bala Kartasura | anglês sangkalanira | lar dadi obahing bumi |[43] kang kawuwusa | Panji Surèngranèki ||
146. sampun budhal wau saking wana Jipang | karsa nukup ing jurit | bala Kartasura | kang abaris Sapanjang | lampahira sampun prapti | ing Surabaya | sawadyanya umiring ||
147. kawarnaa Tumênggung Surawijaya | sampun miyarsa warti | lamun Surèngrana | balos saking ing wana | nulya nungsul sawadyèki | prapta Sapanjang | masanggrahan tumuli ||
148. bala Kartasura asrêp[44] manahira | ikang sami abaris | anèng ing Sapanjang | watara tigang dina | wong Surabaya dhatêngi |
--- [f. 605v] ---
rame kang yuda | ing wanci madya latri ||
149. Rănggalawe saking êlor anêrajang | Panji Surèngranèki | nêmpuh saking wetan | Apanji Kartayuda | saking kidul andhatêngi | wong Kartasura | lir gabah dèn intêri ||
150. wadya Jipang akathah ikang kabranan | wong Bali sami gusis | Ki Surawijaya | datan arsa mundura | binejdrong ning bêmdhidhil |[45] nanging tan pasah | ingurugan jamparing ||
151. maksih gêgêr Tumênggung Surawijaya | sigra dipun pasêri | kêni jajanira | nênggih bucêk satuma | ingusap karaos sakit | kang kawarnaa | Ki Kartanêgarèki ||
152. karsanira atêtulung adilaga | sampun dipun ajangi | mring wong Surabaya | datanpa têtulunga | dènnya jurit têngah wêngah wêngi |[46] kongsi raina | sampun pisah kang jurit ||
153. pêndhak sore Tumênggung Surawijaya | kacarita ngêmasi | bala ing Kartasura |[47] alês ing manahira | têngah dalu bubar sami | akuceceran | kathah kang kari margi ||
154. sarêng enjing Panji Surèngrana prapta | lawan Kartayudèki | wong măncanêgara | sami nungkul sadaya | lajêng kinèn anututi | ing lampahira | wadya Kartasurèki ||
155. nênggih miyos ing Garêsik [Garê...]
--- [f. 606r] ---
[...sik] lampahira | sakèh kacandhak margi | bala Kartasura | miyos nagri Sêmarang | Apanji Surèngranèki | bali Nglamongan | dènira unututi ||
156. ênêngêna sira Panji Surèngrana | gêntya ikang winarni | pun Amral Baritman | wus praptèng Surabaya | angirid bala Kumpêni | kalih bragada | apan sampun apanggih ||
157. lan kumêndur lan Tumênggung Cakrajaya | kumêndur sigra warti | yèn asor kang yuda | Kumpêni kathah pêjah | amral nulya banting topi | kalakung gusar | mundhut sêmprong tumuli ||
158. wus sinêmprong nêgari ing Surapriga | amral ebat ningali | agoyang kapala | amundhut paris sigra | ginantung mugèng ing ngarsi | Amral Baritman | kacatur arang bukti ||
159. lamun arsa amangan nisil kewala | miwah yèn arsa guling | aturu anusang[48] | wus antuk tigang dina | angucap mring kyai patih | Ki Cakrajaya | nêgari Surawèsthi ||
160. lakung awrat nênggih pangraos kawula | lami kula don jurit | nêgari ing sabrang | akathah ikang pêcah | dhatêng kawula ing nguni | tan ngraos wêgah | gèn kawula don jurit ||
161. nanging make nêgari ing Surapriga | kula ebat ningali [ni...]
--- [f. 606v] ---
[...ngali] | yèn tan klampahana | ayahaning narendra | sayêkti kawula bali | datan kaduga | bêdhahing Surabanggi ||
162. nanging make ki patih atur kawula | sampun alit kang galih | nêngguh pintên bara | wontên sihing Yyang Sukma | sarta barkating nrêpati | ing Surapriga | pêcahe dening kami ||
163. Ki Tumênggung Cakrajaya pirêmbagan | lan pugawa pasisir | prakawis pratikah | rewang ngulari pangan | para pugawa turnèki | ikang prayoga | pun adhi Tohjayèki ||
164. kang dadosa têtindhih wadyabala |[49] ngulari bêras pari | Kyai Cakrajaya | mèsêm alon lingira | emane tan duwe kanthi | adhi Tohjaya | duwea kathi siji ||
165. yakti dadi dangdanan luwih prayoga | kang si mak lan si adhi | Kyai Citrasoma | matur dhatêng apatya | pun Arya Kudus anênggih | pan darbe kadang | Sirnayuda namèki ||
166. Panêmbahan Mangkaos kang darbe têdhak | purunipun nglakungi | yèn mirsa sênjata | kêdah ngamuk kewala | tan beda lawan pun adhi | Dyan Sirnayuda | nulya dipun timbali ||
167. wus kinarya kathine[50] Kyai Tohjaya | minăngka senapati | dening wadya anglarag |[51] bala ing Kartasura | sami asal bêras pari | kang kawarnaa | Pangeran Mandurèki ||
168. tinimbalan marang nagri Surabaya | dening rêkyana patih | nanging ing Mandura | lagya amanggih karya | aprang lan mantune rèki | Arya Dikara | Pamêkasan nêgari ||
--- [f. 607r] ---
169. marmanira garwane Arya Dikara | purik dipun kukuhi | marang ikang rama | Pangeran Cakraningrat | mila dadya ing ajurit | pan long-linongan | wong Mandura kalindhih ||
170. dening bala Pamêkasan wong Mandura | akathah ikang balik | milya Radèn Arya | Dikara duk sêmana | pangran kapran[52] ikang galih | dyan arinira | kinarya senapati ||
171. Radèn Suradiningrat kinèn maguta | ngirid sagung prajurit | budhal saking kitha | sapraptanirèng rana | rahadèn amalih kapti | supe ing kadang | gènira rêbat sigih ||
172. kait lawan Jangkewuh mantri panuwa | sigra utusan aglis | marang Surabaya | atur wêwadulira | yèn kang raka tuhu balik | duta wus prapta | cundhuk lawan ki patih ||
173. sampun katur saaturira Rahadyan | Suradiningrat nênggih | lamun ikang raka | make asêdya băngga | kait lan wong Surawèsthi | yèn wontên karsa | kawula ananggupi ||
174. angrêmêda ing pun kakang Cakraningrat | dening salah ing gusti | pan igih kawula | malang datan ginêga | kathah wêwaduling rèki | marang ki patya | tuwin marang Kumpêni ||
175. lakung duka Ki Tumênggung Cakrajaya | amral suka ing galih | sampun autusan | marang Kumpêni kapal | Kapitan Kartas namèki | kinèn jathoka | muara Mandurèki ||
176. miwah wadya Sumênêp [Sumênê...]
--- [f. 607v] ---
[...p] pinarentahan | milya ing radèn jurit | duta wus tinulak | duta nagri Mandura | katur sasolahing rèki | Suradiningrat | lakung tustha ing galih ||
177. kunêng Pangran Cakraningrat pinurcita | sampun katuran uning | lamun arinira | sêdya musuh ing raka | lakung waugên[53] tyasnèki | sigra utusan | marang nêgari Bali ||
178. minta tulung dening musuh arinira | wau ta kang winarni | Dyan Suradiningrat | barise wus angrêbda | wadya Sumênêp wus nugil | myang Pamêkasan | ngumpul barising rèki ||
179. miwah bala Mandura suyud prasamya | kesisan sang dipati | budhal barisira | arsa mêrpêki kitha | sumahab bala lumaris | kang wadyakosya | punang kitha rinampid ||
180. pan kinêpung Sang Dipati Cakraningrat | mêmpên dalêming rèki | prajurit kang nêngga | nêmatus winatara | ing sabên dina kyèh mijil | nungkul ing Radyan | Suradiningrat sami ||
181. dadya kewran Sang Dipati Cakraningrat | tinilar ing wadya lit | dadya mupus ing tyas | pan arsa angusia | pangeran maring Kumpêni | tuwin apatya | sêdya mring Surawèsthi ||
182. wus siyaga lan saputra garwanira | sêdya numpak jaladri | wau balanira | Radèn Suradiningrat | saking jawi ambêdhili | dadya pangeran | gugup wus budhal aglis ||
--- [f. 608r] ---
183. apan sampun andhingini dutanira | mring Kumpêni wèh uning | ikang anèng kapal | sira Kapitan Kartas | kalakung suka tyasnèki | iya matura | isun ikang nulungi ||
184. pan Kumpêni besuk ikang ngulihêna | marang Mandura malih | miwah ki apatya | rêmbage wus anèngwang | pan isun kinèn ngaturi | mring Surabaya | duta tinulak aglis ||
185. Sang Dipatya Cakraningrat lalosira | mêdal butulan wiking | kapêthuk ngutusan | lampahe sigra-sigra | sampun prapta ing pasisir | numpak ing palya | saputra garwanèki ||
186. myang kang dasih kang sami trêsna binêkta | numpak ing palya konthing | ngunjal marang kapal | pangeran sampun prapta | migah ing kapal tumuli | sira Kapitan | Kartas mêthuk ing jawi ||
187. wus binêkta pangeran migah ing kapal | urmatira nglakungi | samya lugyèng petak | wau kang garwa prapta | kapitan amêthuk malih | nèng jawi petak | garwa migah tumuli ||
188. dyan cinandhak kang asta dening kapitan | urmat sênjata muni | sarwi nêcêp jangga | wus tataning Wêlănda | tan beda jalu lan èstri | saking gêng urmat | ing sa dyah salah tampi ||
189. pan gumêtêr anjrit Radèn Ayu Sampang | kang sinambat saryanjrit | wau ikang raka | pan kagyat amiyarsa | muka bang lir raup gêtih | andik kang netra | mawinga-winga wêngis ||
190. kurda narik curiga sira kapitan | ginoco lambung kering | niba kapisanan [kapisa...]
--- [f. 608v] ---
[...nan] | lajêng pangamukira | wadya Kumpêni ngêbyuki | gya pinarbutan | pinastul myang kinarbin ||
191. pan kasompok Kumpêna[54] samya amêdhang | nanging pangran tan busik | mangamuk manêngah | manuduk kang katiban | pêjah tan kongsi ping kalih | myang putranira | milya ngamuk mangukih ||
192. abusêkan gègère sajroning palya | Kumpêni akèh mati | myang kang nandhang brana | tandangira pangeran | lir singa lodra ngajrihi | kurah ludira | gêpang[55] wadya Kumpêni ||
193. kacarita Kumpêni sakapal têlas | akêdhik ikang kari | amung gala-gala | kang maksih sami mangsah | samya ngagêm sagok[56] bêdhil | sira pangeran | sayahe dèn gêbugi ||
194. myang tinubruk ing kursi pangeran tiba | lênggah gya dèn papori[57] | myang para atmaja | pêjahe pinoporan | pangeran sampun ngêmasi | murda tinigas | binêktèng Surawèsthi ||
195. gêmbungira linabuh madya samodra | Kumpêni ikang kari | sigra dènnya layar | marang ing Surabaya | wau ta ikang winarni | Rahadyan Sura- | diningrat sawadyanèki |[58]|
196. pangludira prapta tirahing hèrnawa | wangsul sawadya aglis | angêbroki kitha | Kumpêni sampun prapta | ing nêgari Surawèsthi | sampun apanggya | amral lan ki apatih ||
197. atur solahira duk anèng lautan | amral ngungun tan sipi | tuwin ki apatya | lakung pangungunira | dening andêling ajurit | Kapitan Kartas | pêjah myang bala ênting ||
198. Ki Tumênggung [Tumêng...]
--- [f. 609r] ---
[...gung] Cakrajaya wus putusan | marang Kartasura glis | tur pêksi sang nata | datan kawarnèng marga | prapta ing Kartasurenjing | kang punang duta | cundhuk lan sri bupati ||
199. sampun katur surat saking ki apatya | tinupiksèng nrêpati | lakung ngungunira | punang duta tinulak | kadhahar saaturnèki | wus pinatêdhan | asul-angsulirèki ||
200. miwah ikang nuwala Suradiningrat | pinatêdhakkên aglis | duta tan winarna | ing marga sampun prapta | Surabaya wus apanggih | lan ki apatya | katur sasolahnèki ||
201. lakung suka Ki Tumênggung Cakrajaya | sigra utusan aglis | marang ing Mandura | nimbali Radèn Sura- | diningrat mring Surawèsthi | angrik kang wadya | myang sakaprabon jurit ||
202. tan winarna kang duta praptèng Mandura | pan sampun dèn dhawuhi | wau Radèn Sura- | diningrat sigra-sigra | sadaya kaprabon jurit | myang balakosya | budhal mring Surawèsthi ||
203. sampun prapta Rahadèn Suradiningrat | ing nagri Surabanggi | tundhuk lan apatya | miwah Amral Baritman | myang sagung para dipati | pasisir samya | pênuh ngarsa apatih ||
204. pinaringkên nawala maring Rahadyan | Suradiningrat nênggih | lamun pinatêdhan | nagari ing Mandura | lawan sinungan wêwangi | gêntyani raka | Cakraningrat Dipati ||
205. kang ngèstrèni sagunge para dipatya | miwah amral ngastrèni | ing karsa narendra | pan lajêng adhêdharan | myang rêmbag masalah jurit | amral angucap |
--- [f. 609v] ---
marang rêkyana patih ||
206. ki tumênggung kadya punapa ing karsa | masalahing ajurit | apan sampun lama | kèndêl tan ana mêngsah | wus sêdhênge majurit |[59] apan kawula | antuk tilik prayogi ||
207. kadi wontên pitulungira Yyang Sukma | ari Salasa benjing | nêdha maguta prang | samya ngrabasèng laga | ki tumênggung anauri | igih karsanta | manira mugèng wuri ||
149. Pangkur
[Patih Cakrajaya saha wadya Kartasura kabiyantu kumpeni ingkang dipunpandhégani amral Baritman perang mengsah wadyanipun Jayapuspita ing Wanakrama. Wadya Kartasura kasoran jurit, amral Baritman kagentosan kapitan Kustap.[60]]
1. wus rêmbag sagung dipatya | ingundhangan sakèh wadya pasisir | iku nêng datan winuwus | praptèng ari Salasa | enjing nêmbang têngara Kyai Tumênggung | Cakrajaya wus siyaga | miwah sakaprabon jurit ||
2. pugawa pasisir samya | asanega tuwin bala Kumpêni | gumrudug syaraning tambur | sira Amral Baritman | wus anunggil lawan sira ki tumênggung | kang pangawat wus tinata | kang mugèng kanan lan kering ||
3. sira Pangeran Mandura | pan tinuduh pangawat kering |[61] ing Tuban Garsik Sidayu | kang dadya kanthinira | anadene kang wadya pasisir sadarum |[62] dadya panêngah sadaya | dene kang wadya Kumpêni ||
4. tan owah kalawan saban | mugèng dhadha wuri rêkyana patih | budhal kang wadya gumuruh | tikês jaga ing ngarsa | sira Amral Baritman lawan Kumêndur | Gobyo anitihi wadya | gêgaman lir cala api ||
5. Dipati Jayapuspita | wus miyarsa yèn musuh andhatêngi | sigra atêngara umyung | wong Surabaya kumrab | pan gumêrgut [gu...]
--- [f. 610r] ---
[...mêrgut] tandangira dulu musuh | wau ta rêkyana patya | kalawan bala Kumpêni ||
6. wus acêlak lawan kitha | samya kèndêl kang wadya atata biting |[63] prasamya amangsang ulur | mriyêm sampun pinrênah | ing palatar luhur Baluwartinipun | wadya pasisir sadaya | prasamya amasang biting ||
7. wadya Surabaya miyat | lamun mêngsahira angangsêg biting | prasamya amigah luhur | amasang mriyêmira | lela kalataka anakan lan masbun | saksana campuh ing yuda | arame bêdhil-binêdhil ||
8. ngabên sênjata kewala | kang mariyêm mugèng ing Baluwarti | syaranya lir prawata rug | surak ambal-ambalan | Ki Dipati Jayapuspita winuwus | migah marang pêpagungan | Kadhokngorèke tan kari ||
9. angakang nèng pêpagungan | amral miyat solahe ki dipati | agoyang kêpalanipun | sigra ingarah-arah | kinon nyipat ing mariyêm pagungipun | sinusunan ing gurnada | nanging tibane atêbih ||
10. binendrong pagung ingarah | wadya Surabaya malês abêdhil | ramya kadya gêlap sèwu | kacatur pitung dina | dènira prang mariyême siyang dalu | padhang wisma Surabaya | ingurugan gutuk api ||
11. sira wadya Surapriga | datan ana ikang miris ing galih | kang têngga bitinganipun | eca angura-ura | kang agambang kang angrêbab kang nyalêmpung | yèn [yè...]
--- [f. 610v] ---
[...n] wayah pukul sawêlas | wong wadone samya ngirim ||
12. mring lakine kang atêngga | pambitingan Kumpêni aningali | pinasang mariyêmipun | wong èstri gya sinipat | datan kandhêg ngeca-eca gendhong sumbul | lumaksanèng pambitingan | Kumpêni eram ningali ||
13. wadya lit ing Surabaya | kang wong desa sabên dina kyèh prapti | miwah ikang para kaum | saking ing pagunungan | samya milu prasamya nagulangipun | arsa naur ing sihira | ing gusti sang adipati ||
14. marma wong desa mêngkana | lampahira ki dipati ing nguni | ingundhangakên sadarum | desa myang pagunungan | ukur bisa sêmbayang ing pêthèk luput | miwah sanèskarèng karya | malah atampi pêparing ||
15. puruna salat sadaya | mila sagung wadya suka ngêmasi | ing nguni Surabayèku | apan payo bismillah | ukur kang wong prasamya gêgulang kulhu | laris ikang palandinas | wau kang samya ing kardi ||
16. nahan gêntya kawuwusa | Panji Surèngrana sêmana prapti | saking dènira bêbujung | ing wadya Kartasura | lajêng marang Lamongan lami nèng ngriku | sira Panji Surèngrana | praptane arsa manggihi ||
17. srayane kang lagya prapta | saking Nusakambangan muara Panji |[64] Galèlèng kêkasihipun | prajurite sanambang | mila prapta Surèngrana kang angipuk | bang-êbang
--- [f. 611r] ---
kang punang layang | wagêde Surèngranèki ||
18. ing nguni Dewa Kaloran | samutungi[65] ing makya asal malih | duk sêmana sampun pangguh | lan Panji Surèngrana | miwah Panji Kartayuda sampun tundhuk | anèng dhusun ing Kapraban | wau gènira manggihi ||
19. sinung gyan sinuba-suba | pan binêktèng karsane mring nagari | Jayapuspita tanpasung | dèrèng eca kang manah | maksih suka angadu prajurit kaum | arsa dèn pitambuhana | owêl mênawa amutik[66] ||
20. marma kalih arinira | samya kinon manggihi Murah Panji | yèn benjing asor aripu[67] | karsanya ki dipatya | Murah Panji Galesong kêna ingadu | suda pangandêling Sukma | supe kodrating Yyang Widi ||
21. ngandêl sasamaning jalma | mula sudèng yonine ing ajurit | duk srayane dèrèng rawuh | wisma ing Surabaya | kang katiban gutuk api payonipun | kang kêni datan tumama | ing makya kathah kabêsmi ||
22. kunêng ikang kawuwusa | sira amral lawan rêkyana patih | miwah Kumêndur Gobyèhku | samya apagunêman | tuwin ikang para dipatya sadarum | Kumêndur Gobyoh sru ngucap | kadipundi ki apatih ||
23. yèn ta agung mêkotêna | aprang mriyêm tanpa wêkasing jurit | yèn rêmbag nêdha pinagut | sami apranga dhadha | pitên kèhe obat [o...]
--- [f. 611v] ---
[...bat] mimis ikang rawuh | yèn agung abêbêdhilan | sawindua nora uwis ||
24. wadya punika akathah | wong Kumpêni miwah wadya pasisir | myang bala Mandura pênuh | karanglane[68] punapa | kyana patih angrajongi ing kumêndur | miwah Sa Amral Baritman | ngundhangi sagung Kumpêni ||
25. myang Tumênggung Cakrajaya | pra dipatya pan sampun dèn undhangi | siyaga arsa umanggut[69] | sigra nêmbang têngara | gumyur baris gumêrgut syaraning tambur | budhal saking pabitingan | kotbuta bala Kumpêni ||
26. tataning baris tan owah | kadya sabên jaga lumakyèng ngarsi | kang dèn kabayani amuk | umyang kang balakosya | Ki Dipati Jayapuspita winuwus | miyarsa yèn mêngsah prapta | ing alun-alun abaris ||
27. kang dadya pangawat kanan | Ki Ngabèi Jangrana ikang rayi | ikang mugèng keringipun | [...] |[70] [...] |[71] kang gêgaman warna-warna | tinon lir prawata sari ||
28. gamêlan munya angakang | ki dipati ngadhakrang dèn payungi | bala Kumpêni glis rawuh | sampun ayun-ayunan | pan agamêng[72] wadya Kumpêni lir mêndhung | sarêng têmpuhing ayuda | arame bêdhil-binêdhil ||
29. kang pangawat barêng mangsah | wong Kumpêni angêdrèl wanti-wanti | pinirsa lir gêlap sèwu | barung lawan gamêlan | awor suraking wadya asrang gumuruh | pêtêng dhêdhêt ing payudan | dening kukusing sundawi ||
--- [f. 612r] ---
30. sumahab wong Surabaya | kadya mina mêmăngsa sajroning warih |[73] wadya Mandura anêmpuh | myang pasisir sadaya | ramening prang acarub rowang lan musuh | Dipati Jayapuspita | angabani wong sinêlir ||
31. ambyuk mangamuk manêngah | tikês jagang sampun dèn obrak-abrik | miwah kang prajurit kaum | pangamuke lir yaksa | ingurugan sênjata myang pasêr busur | nusup kukusing sundawa | wadya Kumpêni kyèh mati ||
32. Kumêndur Gobyoh umiyat | lamun bala Kumpêni akèh ngêmasi |[74] ambanting tapiyonipun | sigra nrêgakên bala | miwah Amral Baritman sarêng amagut | Kapitan Krêkasbun Malunan |[75] Pandêrlele angawaki ||
33. myang upêsir sarêng masah | Minangkabu Ambon Makasar Bugis | sarêng dènira angamuk | tuwin bala Mandura | pra dipatya pasisir nrêgakên maju | sakarine ikang pêjah | wadya Kumpêni angukih ||
34. tan kewran wong Surabaya | pangamuke lir banthèng tawan kanin | para mantri sarê manduk | anuduk myang anigas | sami kuthah ludira sariranipun | ing payudan waspa rungyan | awor sambate kang kanin ||
35. tibane mimis lir udan | tikêl ikang warastra pating carêngkling |[76] sêbrak suwèking lêlayu | rêkataking daludag | miwah kêbyok ikang punang umbul-umbul | saking ramening ayuda | sawanèh kêris-kinêris [kêr...]
--- [f. 612v] ---
[...is-kinêris] ||
36. myang ikang dugang-dinugang | kuwêl ing prang ana bithi-binithi | akèh kang gêbug-ginêbug | sanjata tanpa karya | tanpa wilis kunarpa susun atimbun | lêbu malêdug kasiram | ing ludira kadi tasik ||
37. kang akasa kadi bêlah | kêlab-kêlab kang pratiwi gonjang-ganjing |[77] surêm kang surya sumêmbur | gigang[78] Sang Ăntaboga | lindhu awor prakêmpa prabata rug |[79] ing payudan lir kiyamat | kocake kang jalanidi ||
38. saari dènira yuda | kyèh kang wadya mati singunên sami | matyambun-ambunên arus | ing ludirèng kunarpa | pirang-pirang pandêlêng palagan pênuh | watang putung kadya sarah | gandera lir lumut kèli ||
39. Kumpêni kalih bragada | ikang tumpês kawi[80] Ambon lan Bugis | Makasar Bali myang Butun | tumpês tanpa wilangan | Lutnan Pandêrlele punika kasambut | tumpês sakumpênira[81] |[82] Kapitan Krêsbun ngêmasi ||
40. Lutnan Pabandhêm palastra | miwah wadya Surabaya kyèh mati | sapih kang yuda kasaput | ing latri kawarnaa | Ki Dipati Jayapuspita pirêmbug | lan sagung prajuritira | lèngsèr sawetan bênawi ||
41. barise kori sayatra | kithanira pan sampun dèn êbroki | dening sira Ki Tumênggung | Cakrajaya myang amral | duk sêmana bala Kumpêni abantu | rawuh saking Batawiyah | kalih bragada kang prapti ||
42. pangiride Mayor Gusta[83] | lan Kapitan Pardèmês [Par...]
--- [f. 613r] ---
[...dèmês] Lutnan Jakim | katri prajurit linuhung | wus tundhuk lawan amral | myang Kumêndur Gobyoh lakung sukanipun | dening bantunira prapta | kapanggih lawan apatih ||
43. ing latri kang kawuwusa | pagunêman sagung para dipati | lawan sira ki tumênggung | miwah Amral Baritman | myang Kumêndur Gobyo asru dènnya muwus | hèh ki patih paran karsa | punapa kèndêl ing jurit ||
44. ki tumênggung alon mojar | karsaningong ing yuda sun kèndêli | angasokakên ing batur | sigra Pangran Mandura | asru matur marang sira ki tumênggung | yèn suwawi lawan karsa | luhung ginitika malih ||
45. mumpung dèrèng kêmbu[84] lawan | kadangipun Surèngrana Apanji | myang Panji Kartayudèku | ing mangkya lagya pisah | baris wontên ing Kapraban kalihipun | amanggihi srayanira | pun Balèlèng Murah Panji ||
46. yèn punika anunggila | pasthi awrat pinagut ing ajurit | igih ta sadayanipun | satugil apampuwa[85] | dyan Kumêndur Gobyo nampèl wêntisipun | giyak sarya latah-latah | itu lêbih kata baik ||
47. Kumêndur Gobyoh punika | cinarita akêras babang[86] êpring | marmanira pêksa magut | saking tan bisa mulat | ing risake bala Kumpêni nèng ripu | sêdya amagut kewala | apêpulih ing ajurit ||
48. rêmbag sagunging dipatya | ki tumênggung myang amral anuruti | datan kawarna ing dalu |
--- [f. 613v] ---
enjing nêmbang têngara | gubyar[87] bèri syaraning tambur gumrudug | kumrab ikang balakosya | samya samêktèng ajurit ||
49. budhal sagunging gêgaman | wus tinata pangawat kanan kering | ikang mugèng kananipun | pangeran ing Mandura | atimbangan wadya pasisir sadarum | gêgaman tanpa wilangan | kadya robe kang jaladri ||
50. wau ta kang kawuwusa | Ki Dipati Jayapuspita miyarsi |[88] kalamun arsa pinagut | sigra nêmbang têngara | wus siyaga wadyabala Surèngkewuh | gêgaman lir ardi puspa | myang pangawat kanan kering ||
51. sira Ngabèi Jangrana | mugèng kanan Jaka Tangkêban kering | myang para mantri sadarum | gêgaman sigra budhal | pan amêthuk kilèn lèpèn karsanipun | Dipati Jayapuspita | ginarêbêg ing prajurit ||
52. wong Dulangmangap sanambang | datan kêna sah lawan sang dipati | wadya Talangpati sèwu | pinangku mugèng ngarsa | para mantri anèng pangawat tinuduh | kang gêgaman sampun prapta | tata kilèning bênawi ||
53. wadya Kumpêni wus prapta | ki tumênggung miwah wadya pasisir | pan sarêng dulu-dinulu | lajêng campuh ing yuda | ramening prang sanjata lir prawata rug | pêtêng kukusing sundawa | pangêdrèle wanti-wanti ||
54. sumahab wong Surapriga | tan akewran nusup kukusing bêdhil | wong Talangpati agêrgut | manêngah ngamuk rampak | kang
--- [f. 614r] ---
ing dhadha wadya Kumpêni tinêmpuh | akuwêl ulêng-ulêngan | wong Surabaya mangukih ||
55. Kumpêni pangêdrèlira | datan agop dhêdhêt madyaning jurit | bala Mandura anêmpuh | surak kadya ampuhan | tuwin bala pasisir sarêng anêmpuh | Dipati Jayapuspit |[89] sigra asuwarèng dasih ||
56. hèh payo wong Surabaya | Dulangmangap miwah wong Talangpati | mêrêma netrane rèku | ayya na anêdya gêsang |[90] apan iki patuning[91] syarga luhung |[92] prajurit ing Surabaya | pangamuke ngobrak-abrik ||
57. kang katrajang sirna gêmpang | wadyabala Kumpêni akèh ngêmasi |[93] ing wuri mangsah akiwul | Mayor Kustap kalayyan | Kapitan Pardèmês sarêng umagut |[94] Kumêndur Gobyoh manêngah | ngamuk tandange lir yaksi ||
58. sira mral ngipun[95] ing wutat | myang Kapitan Torna Lutênan Jakim | wadya Kumpêni agêrgut | sura mangangah-angah | wadya Surabaya pangamuke liwung | sênjata wus tanpa karya | aramya rok silih ukih ||
59. Ki Tumênggung Cakrajaya | anrêgakên wadya anèng ing wuri | suraking bala gumuruh | umyang punang gamêlan | ingurugan ing mimis pan kadya jawuh | wong Surabaya kèh pêjah | Dulangmangap Talangpati ||
60. nanging dèn idêk ing wutat | wadya Dulangmangap kiwul angukih | Mayor Kustap kang atangguh | sakayanira samya | kawan dasa
--- [f. 614v] ---
kang samya ngagêman durbus |[96] kang nêmpuh ngarsane Kustap | wong Surabaya kèh mati ||
61. dadya bênggang sanalika | sinusonan ing gutuk api aglis | ikang katêrajang gêmpur | kunarpa lir babadan | pacing ngalasah wawa[97] ing Surèngkewuh | Dipati Jayapuspita | anglela madyaning jurit ||
62. myang saupacaranira | bawat lante kêndhaga anèng ngarsi | upêt miwah kang angacu | tan owah luguhira | ki dipati pan eca gènira udud | ing lantaran dinamonan | upête ing rare alit ||
63. Kumêndur Gobyo umiyat | ing solahe wau ki adipati | bramatyanira kalakung | sarya nrêgakên wadya | binarondong ki dipati asru muwus | iya payo êntèkêna | hèh kapir mimisirèki ||
64. kacatur ki adipatya | arasukanira pranakan putih | sarya udhêng gilig wungu | arja anyamping limar | tinon kadya andaga[98] tuhu abagus | Kumpêni pangêdrèlira | tan pêgat awanti-wanti ||
65. tan miris Jayapuspita | eca gigit sadak sarwi nudingi | dèn aparêk kumêndurmu | sira Jaka Tangkêban | saking kering awas dènira andulu | yèn kang paman pinarbutan | sigra angingêr turanggi ||
66. pangawatira tinilar | sira Jaka Tangkêban asru nyamêthi |[99] ing turăngga sigra mamprung | kuda nandêr manêbah[100] |
--- [f. 615r] ---
pun Mangunsih raning kuda jajan biru | kasasang ing ganjur atap | binendrongan[101] dening bêdhil ||
67. turăngga tanpa tuk nêngah | katadhahan ing musuh kanan kering | Jaka Tangkêban mangamuk | watangira ingikal | kinêmbulan ing prajurit ngarsa pukur | kanan tinumbak tan kêna | ing kering ngamuk kyèh mati ||
68. ngarsa wutat tinarajang | wuri anub miwah ing kanan kering | tan kewran pangamukipun | sira Jaka Tangkêban | kudanira kababan mimis wus lampus | niba Ki Jaka malompat | lawung kotit[102] ing turanggi ||
69. putung gyan narik curiga | sira Jaka angamuk karo kêris | lir andaga tandangipun | sêdhênge tawan brana | para mantri ing Surabaya andulu | manêngah sami kotbuta | ikang katêrajang ngisis ||
70. Jaka Tangkêban wus prapta | ing ngarsane wau sang adipati | nangis anungkêmi suku | ngandika sang dipatya | hèh asoa ayya sira maksa ngamuk | dyan mêngsah kang anglud prapta | saking kering angêbyuki ||
71. sira Ngabèi Jangrana | mugèng kanan rame dènira jurit | nanging karoban ing musuh | binendrong kering kanan | ingurugan sênjata myang pasêr busur | sira Ngabèi Jangrana | jajanira akrêp kanin ||
72. pan ing jawi nora pasah | ing jro rêmpu ki ngabèi ngêmasi | wadya Surabaya dulu | sakarine kang pêjah | samya
--- [f. 615v] ---
ngamuk lir danawa tandangipun | sêdhênge arêbut măngsa | wadyèng Mandura nadhahi ||
73. akuwêl dènira yuda | ki dipatya sampun ngaturan pêksi | lamun kang rayi kasambut | Ki Ngabèi Jangrana | nyandhak watang Jayapuspita umagut | myang kang wadya Dulangmangap | Jaka Tangkêban tan kari ||
74. para mantri Surapriga | miyat lamun ki dipati ngawaki | sarêng karuna umatur | dhuh gusti sang dipatya | sampun dika age angawaki pupuh | yèn kawula dèrèng pêjah | ecaa jênêngi wuri ||
75. pan wadya maksih akathah | Dulangmangap miwah wong Talangpati | tuwin kang prajurit kaum | igih taksih sudira | dene rayi panduka ikang kasambut | pun Angèbèi[103] Jangrana | kawula ikang pêpulih ||
76. Jayapuspita ngandika | payo barêng isun arsa ngawaki | tan ana wêkasanipun | nadyan silih pêjaha | barêng lawan mantrinisun kabèh iku | sadina iki wak iwang | kêdah têmên angêmasi ||
77. nadyan dèn pêpalangana | nora kêna isun sadina iki | wus sêdhênge payo ngamuk | para mantri karuna | sarêng masah Jaka Tangkêban nèng ngayun | agêrgut wong Dulangmangap | kotbuta wong Talangpati ||
78. mangsah dharat ki dipatya | kalaganjur mugangira tan kari | kang pangawat samya kumpul | nugil sang adipatya [a...]
--- [f. 616r] ---
[...dipatya] | surak umyung para mantri sarêng anduk | Talangpati Dulangmangap | wadya Kumpêni nadhahi ||
79. kumêndur amral umiyat | lamun Jayapuspita angawaki | sigra anrêgakên wau | para upêsir mangsah | sira Gobyoh anyakot tapiyonipun | mobat-mabit tandangira | ngabani bala Kumpêni ||
80. miwah kang bala Mandura | myang pasisir prasamya tata malih | rame parêng dènnya nêmpuh | lir paguting hèrnawa | wadya Surabaya pangamuke liwung | gêmpang ikang tinarajang | bala Kumpêni kyèh mati ||
81. Jaka Tangkêban manêngah | ngiwad-ngiwud myang sagung para mantri | wadyèng Mandura tinêmpuh | gêmpang kang katêrajang | ramening prang para mantri Surèngkewuh | sadaya kurah ludira | pangamukira angukih ||
82. tan kandhêg pangêdrèlira | sira Jayapuspita anadhahi | asru dènira amuwus | hèh payo lanat kopar | madhatiya angusung obat mimismu | rêbutên Jayapuspita | lajêre wong Surawèsthi ||
83. para mantri Surabaya | pangamuke samya atawan tangis | wau kawarta misuwur | pêjahira Jangrana | para rabinira sadaya unusul[104] | myang garwane ki dipatya | samya nusul tawan tangis ||
84. sapraptanirèng payudan | para garwa anjrit samya nungkêmi | asambat [asa...]
--- [f. 616v] ---
[...mbat] ngaturi mundur | marang sang adipatya | adadana ing benjing kawula magut | yèn kumpul kadang-kadangta | pun Panji Surèngranèki ||
85. myang pun Panji Kartayuda | dadya kewran tyasira sang dipati | ginubêl ing para arum | dadya mundur lolonan | dyan prajurit Kumpêni samya angêlud | ambêdhili saking wutat | nanging bala Surawèsthi ||
86. atarung sarwi lumampah | galong datan owah tataning baris | sêmana kasaput dalu | mundur bala Mandura | wong pasisir myang Kumpêni samya mundur | kang tumpês madyèng palagan | bragadan myo mapan ênting |[105]|
87. Ki Tumênggung Cakrajaya | lawan amral makuwon kitha malih | sira Jayapuspitèku | wasul ing pêrnahira | baris lawang sakèthèng warnanên wau | Ki Apanji Surèngrana | lan Panji Kartayudèki ||
88. miyarsa ing yudanira | ikang raka rêmpu ari ngêmasi | apanji kalih wus rawuh | sohan dhatêng kang raka | ki dipati ginubêl ngaturan mêtu | saking salêbêting praja | sampun kasompok ing jurit ||
89. sang dipati angandika | karsanisun tumpêsa sajro nêgari |[106] musuh iki yèn sun dulu | kêthèn wêndran ayutan | buh tikêle lan wadya ngong Surèngkewuh | ewa sêmana pun kakang | sarambut durung gumisir ||
90. kang rayi kalih amêksa | ingaturan nugila Murah Panji | Balèlèng ingajak magut | sang dipati ngandika |
--- [f. 617r] ---
tari marang sagunging prajuritipun | myang para kaum sadaya | ngapinjal aturing rèki ||
91. kang satêngah ana ngucap | datan antuk punika aprang sabil | dene akanthi wong kupur | bala Nusakambangan | Kêtib Bawang asru dènira amuwus | sanadyan padha kapira | kapir têtulung wong Bali ||
92. Wêlănda kapir sikara | dadya kathah kang samya rêmbag mijil | lèsèr saking jro kithèku | myang ari kalih mêksa | angaturi dadya giwang ing tyasipun | sang adipati gya budhal | saking praja sawadyèki ||
93. akumpul lan arinira | sampun prapta Kapraban sang dipati | amung kèndêl kalih dalu | lajêng dhatêng kaputra[107] | akêkuwu saha balakusya umyung | myang wadya Nusakambangan | pun Balèlèng Murah Panji ||
94. milya baris ing Kaputran | nanging têbih pakuwonnya lan sang dipati |[108] miranti sawadyanipun | wau kang kawuwusa | Amral Britman lawan sira Ki Tumênggung | Cakrajaya wus miyarsa | lamun Jayapuspitèki ||
95. lèngsèr ing pintu sayatra | nèng Kaputran mangkya gènira baris | Kumêndur Gobyoh mêksa nglud | nanging amral tan rêmbag | muwah sira ki tumênggung datan rêmbug | Kumêndur Gobyoh amêksa | dyadya[109] sagung pra dipati ||
96. samya urunan kewala | rong bragada Kumpêni kang dèn irid | sigra budhal tan asantun | datan kawarnèng marga | Amral Britman lawan sira ki tumênggung | samya angantun [angantu...]
--- [f. 617v] ---
[...n] ing kitha | amung urun para mantri ||
97. Kumêndur Gobyoh lampahnya | sampun prapta Kaputran sawadyanèki |[110] wong Surabaya amêthuk | rame campuhing yuda | wadya Surabaya prange ngundur-undur | amapan ing Wanakrama | kumêndur agêng tyasnèki ||
98. ing Kaputran wus kancingkan[111] | panyanane wong Surabaya kanji | kumêndur sigra dènnya nglud | dhatêng ing Wanakrama | wadyèng Surabaya arêrangkah sampun | wadya Kumpêni glis prapta | wong Surabaya mêdali ||
99. sira Panji Kartayuda | Panji Surèngrana samya nindhihi | kang raka jênêngi pukur | sigra campuh kang yuda | Panji Surèngrana pangamuke liwung | miwah Panji Kartayuda | tinon lir andaka kanin ||
100. bala ing Nusakambangan | Murah Panji Balèlèng anguruni | amung bala kalih atus | milya ngamuk manêngah | wong Kumpêni tan kandhêg pangêdrèlipun | pêtêng kukusing sundawa | wong Surabaya nusupi ||
101. akuwêl dènira yuda | wadyabala Kumpêni akèh mati | sabragada ikang lampus | wong Jawa wus lumajar | wong Kumpêni lêlumbungan unduripun | sira Panji Surèngrana | Panji Kartayuda ngusir ||
102. Kumêndur Gobyoh lampahnya | ngobat-abit ngatag bala Kumpêni | prasamya ingajak ngamuk | nanging tanpolih papan | tansah gêrêng-gêrêng sira sang kumêndur | wantu wong sampun kaplajar | akiwul-kiwul tanpalih ||
103. para mantri kang lumayya | praptèng pakuwonira
--- [f. 618r] ---
rêkyana patih |[112] pan kapita tyasing rèku | sigra dènira undhang | asiyaga bêndhe tinitir angukung | budhal tulung ing ayuda | Pangra[113] Mandura nindhihi ||
104. lampahira sigra-sigra | wus kapêthuk marang bala Kumpêni | apan maksih dèn bêbujung | dening wong Surapriga | wadya Sampang sadaya sarêng anêmpuh | rame dènira ayuda | uwal kang bala Kumpêni ||
105. wadya Mandura prangira | mundur sarwi ngraksa bala Kumpêni | wong Surabaya maksa nglud | nanging para dipatya | myang Kumpêni wuri sangsaya kyèh rawuh | mundur wadyèng Surabaya | marang Wanakrama malih ||
106. pan kacatur tigang wulan | anèng Wanakrama Japuspitèki | kèndêl tan pagut-pinagut | eca gènnya kasukan | pan apajêg barise wong Surèngkewuh | wadya lit ing Surapriga | tan ana têluk sawiji ||
107. duk kinêpung anèng kitha | pitung wulan laminèng[114] sang dipati | wong pasisir samya tugur | miwah wong Kartasura | tuwin bala Kumpêni prasamya tugur | pan maksih ayun-ayunan | kawarnaa sri bupati ||
108. apan sampun amiyarsa | lamun wadya pugawa kang ajurit | sakalakung risakipun | kasoran ing ayuda | kang wadya lit akathah longe kang lampus | tuwin pugawa kang pêjah | mêngkana ikang tinuding ||
109. abantu mring Surabaya | sakathahe pamajêgan kinêrig | wong Banyumas lan Matarum | Pamardèn lan ing Roma | Dêmang Jayawinata têtindhihipun |
--- [f. 618v] ---
kalawan Jayasamodra | wus budhal sagunging baris ||
110. tan winarna lampahira | duk ing marga wus praptèng Surawèsthi | wus panggih lan Ki Tumênggung | Cakrajaya myang amral | wus pinêrnah kuwu pabitinganipun | gêntya ikang kawuwusa | prajurit saking ing Bali ||
111. kang sraya pangran ing Sampang | ikang pêjah ing kapal mangkya prapti | apêparab Dewa Kêtut | sèwu prajuritira | praptèng kitha ing Tunjungan kang jinujug | miyarsa yèn pangran pêjah | anèng kapal kang nyuruhi ||
112. lakung angungun ing driya | Dewa Kêtut akèn ambêbahaki | wadya Mandura ginêmpur | gègère apuyêngan | akèh nusul mring nagari Surèngkewuh | atur upaksi pangeran | yèn wontên mêngsah dhatêngi ||
113. wadya ing Nusakambangan | Dewa Kêtut sèwu sikêping jurit | Pangeran Mandura gupuh | tur wikan ing apatya | miwah amral angandika Ki Tumênggung | Cakrajaya mring pangeran | dika antuki pribadi ||
114. pangran alon aturira | pan punika ènthèng kapanggih wuri | kang awrat samya rinêbut | mêngsah ing Surapriga | dene ing Mandura kapanggiha pukur | ari kawula kewala | pun Cakranêgara nênggih ||
115. kawula utus mantuka | agitika mêngsah kang saking Bali | angandika ki tumênggung | igih karsa andika | sigra budhal Radèn Cakranagarèku |
--- [f. 619r] ---
ngirid prajurit sanambang | wus anumpak ing jaladri ||
116. ya ta wau kawarnaa | Amral Britman êsaknga[115] mring apatih | ing solahira kumêndur | gènira badayuda | pangadune ing wadya Kumpêni iku | ambuta tuli kewala | karya risaking wadya lit ||
117. amral karsanya utusan | atur surat marang nagri Bêtawi | yèn têtêpa si kumêndur | ămba dadya kathinya | Amral Britman sêdyanira arsa mutung | mantuk mring nagri Walănda | tan arsa nglampahi jurit ||
118. Ki Tumênggung Cakrajaya | jinalukan mring amral tăndha tulis | dyan umêngsat dutanipun | ing laut tan winarna | cêndhêk ikang carita pan sampun rawuh | ing Batawi punang duta | tundhuk lan para Rat Pêni ||
119. sagunging Rat Pêni Diya | abicara upiksa[116] punang tulis | sigra katur suratipun | marang gurnadur jendral | tinarima sira amral aturipun | kumêndur gya tinimbalan | pêrlos marang ing Batawi ||
120. wau ikang kawarnaa | Radèn Jimat ing Mandura wus prapti | wus atuk[117] kalawan musuh | rame campuhing yuda | Radèn Jimat kalakung sudiranipun | wong Bali kathah kang pêjah | saksana ingipun[118] aglis ||
121. kalakung ingêla-êla | Radèn Cakranagara maring wong Bali |[119] dadya supe kadang sêpuh | ingadêgkên dipatya | Radèn Cakranagara [Cakranaga...]
--- [f. 619v] ---
[...ra] wus ajêjuluk | Cakraningrat ing Mandura | sampun agêng punang baris ||
122. kang dadya mênggalaning prang | Radèn Sewanêgara ikang wêwangi |[120] wong Mandura samya suyud | wus katur mri Pangeran | Cakraningrat ikang anèng Surèngkewuh | lakung wagugên ing driya | sigra dènnya tur upêksi ||
123. mring Tumênggung Cakrajaya | tuwin amral ya ta sinung upêksi | yèn arinira puniku | Radèn Cakranêgara | mangkya boga[121] kait kalawan Kêtut |[122] wus jumênêng Cakraningrat | ing Mandura dèn ligihi ||
124. Ki Tumênggung Cakrajaya | dadya pikir lan sagung pra dipati | tuwin amral karsanipun | ayya keron ing yuda | salah siji rumata nulya ginêmpuk[123] | Ki Tumênggung Cakrajaya | ngundhangi sagung dipati ||
125. tanapi Amral Baritman | angundhangi sagung wadya Kumpêni | Mayor Kustap kang tinuduh | gitik ing Wanakrama | ngirid bala Kumpêni rong bragada uwus |[124] budhal saking ing jro kitha | marang Wanakrama aglis ||
126. bupati kêrig sadaya | amung kantun amral kiya apatih | kang wadya Kumpêni kêbut | miwah sagung pugawa | kang gêgaman tinon lir ardi katunu | kadya bêlah kang pratala | kambah ing wadya lumaris ||
127. tan winarna solahira | praptèng Wanakrama sagunging baris | wong Surabaya andulu | yèn [yè...]
--- [f. 620r] ---
[...n] mêngsahira prapta | sigra nêmbang têngara gong bèri umyung | Pati[125] Jayapuspita |[126] amiyosi ing ajurit ||
128. kumrab wadya Surabaya | Panji Surèngrana nindhihi ngarsi | myang Panji Kartayudèku | sigra campuh kang yuda | Mayor Kustap ngabani sradadunipun | Kumpêni kotbuta mangsah | pangêdrèle wanti-wanti ||
129. sampun karsaning Yyang Sukma | wadya Surèngpriga[127] apês kang jurit | dènnya mor prajurit Wangsul | dadya apês ing yuda | sira Panji Surèngrana sigra ngamuk | myang Apanji Kartayuda | ngamuk lan sawadyanèki ||
130. myang para mantri sadaya | sarêng nêmpuh Kumpêni anadhahi | sênjata lir gêlap sèwu | barung kalawan surak | wadyèng Surabaya kathah kang alampus | Dipati Jayapuspita | jênêngi ing luhur biting ||
131. mêndhun[128] anrêgakên wadya | para mantri nêngah samya mangukih | lir danawa tandangipun | rusak kang katêrajang | wong pasisir para mantri sarêng nanduk | sira Ngabèi Tohjaya | ngamuk lir andaka kanin ||
132. lawan Radèn Sirnayuda | pangamuke kang katrajang kyèh mati | Răngga Wanèngpati lampus | andêling Surabaya | Dêmang Ngêmbês Răngga Surèngpati lampus | Ki Sindubaya palastra | Dêmang Sêcapura [Sê...]
--- [f. 620v] ---
[...capura] kanin ||
133. sira Panji Surèngrana | wadyèng Nusakambangan dipun tindhihi |[129] pangamukira aliwung | rusak kang katarajang | samya kuthah ludira prajurit Wangsul | ramening prang long-linongan | paksi sangkara nambêri ||
150. Dhandhanggula
[Kapitan Kustap ngrabasa dhateng Madura, wadya kumpeni kawon lajeng wangsul dhateng Surabaya. Pangéran Balitar lan Pangéran Dipanegara numpes kraman bala mancanegara. Pangéran Dipanegara ing Madiun jinunjung nerpati ajejuluk panembahan Hèrucakra.[130]]
1. Sang Dipati Japuspita aglis | nyandhak watang pan arsa ngamuka | pinarbutan ing mantrine | samya ngaturi mundur | dhuh gustiku sang adipati | ing benjing ngawakana | yèn wadya wus lêbur | yèn suwawi ingunduran | ngupadosa papan kang pakèwêd gusti | dhatêng nagari Japan ||
2. maksih sompok ing Wanakramèki | cêlak praja suwawi ing Japan | punika sae papane | kang lèpèn agêng ngêpung | dadya asal aso kang dasih | Apanji Surèngrana | rêmbag aturipun | dadya kondur sang dipatya | pan lolonan Kumpêni anglud bêdhili | anging wong Surabaya ||
3. anadhaha pan sarwi lumaris | lamun bala Kumpêni amêlak | wadyèng Surabaya nolèh | ngantêp ing yuda mamuk | dadya bêgang wadya Kumpêni | bêdhil saking kadohan | praptèng bitingipun | Dipati Jayapuspita | saha wadya sampun lumêbêt ing biting | Kumpêni pangludira ||
4. samya kèndêl sajawining biting | wong Surabaya wus ingundhangan | adangdana sarayate | ya ta kasamput[131] dalu | abusêkan [abusêka...]
--- [f. 621r] ---
[...n] sajroning biting | ing ari kawarnaa | wadyèng Surèngkewuh | budhal saking Wanakrama | saha sami[132] suta lir praja angalih | rêrepon[133] mugèng ngarsa ||
5. gêndhing sayang pandhe datan kari | sira Dipati Jayapuspita | mugèng ing wuri lampahe | prajurit pitung èwu | cinarita maksih lumiring | wadya Kumpêni mulat | yèn mêngsah wus kêbut | bitinge wus linêbonan | nanging bala Kumpêni tan ana ngusir | ngêbroki pabitingan ||
6. lampahira wau Sang Dipati | Jayapuspita wus prapta Japan | akukuwu sawadyane | wadya Kumpêni mundur | marang kitha ing Surawèsthi | andadosakên rêmbag | Mandura ginêpuk | Ki Tumênggung Cakrajaya | wus amatah pugawa ikang nindhihi | agitik ing Mandura ||
7. Mayor Kustap kang tinuding malih | dening amral lan Kapitan Tonar | lawan Kapitan Bèngsinge | Pangeran Mandurèku | dènnya budhal wus andhingini | anumpak ing samodra | Kumpêni ing pukur | sabragada kang binakta | Ki Tumênggung Cakrajaya wus anuding | tur wikan ing narendra ||
8. ya ta wau kawarnaa malih | Kyai Tumênggung Kartanagara | aso Sêmarang lamine | sampun ngandikan mantuk | marang Kartasura wus prapti | katur ing sri narendra | lamun bala rêmpu | sakalakung [saka...]
--- [f. 621v] ---
[...lakung] risakira | lakung dene angungun sri narapati | gêntya kang pinurcita ||
9. dutanira ki tumênggung prapti | Kartasura katur ing sang nata | sêrat wus tinupiksa ge | duta tinulak sampun | aturira wus dèn angsuli | gya mêsat saking praja | nahan kang winuwus | ikang ngrabasèng Mandura | Mayor Kustap lan sagung wadyèng pasisir | wus campuh punang yuda ||
10. anèng Malaya rame kang jurit | Dewa Kêtut lan sawadyanira | lakung sura ing yudane | Kumpêni kathah lampus | nanging wuri akathah prapti | binendrongan sanjata | dadya mêngsah kondur | Rahadèn Cakranêgara | marang kitha Tunjungan sêdyane rèki | amêmpên jroning kitha ||
11. Pangran Cakraningrat sigra prapti | lan Kumpêni wus angêpung kitha | Dewa Kêtut sabalane | abaris ngalun-alun | wong Kumpêni ramya bêdhili | tuwin bala Mandura | sarêng dènnya nêmpuh | wadyanira Cakraningrat | Dewa Kêtut sabalanira nadhahi | lakung sudirèng laga ||
12. wong Mandura akèh kang ngêmasi | sakarine kang pêjah lumayya | samya ngusi ing wurine | wadya Kumpêni magut | ingkang wuri saya kèh prapti | pangêdrèle lir gêlap | sakêthi abarung | rusak wong Nusakambangan | Dewa Kêtut pangamukira angukih | galak lir singa lodra ||
13. bala Kumpêni kathah ngêmasi | Mayor Kustap ngabani [ngaba...]
--- [f. 622r] ---
[...ni] ing bala | ing wuri umangsah kabèh | myang wong pasisir grêgut | saking kanan kering nungkêbi | apan karoban lawan | sira Dewa Kêtut | myang Radèn Cakranêgara | pan agêgêr wadyanira kyèh ngêmasi | kang kari wus lumayya ||
14. Dewa Kêtut pan sampun anglirig | ngalor angetan sawadyanira | galong lolonan lampahe | bala Kumpêni anglud | nanging datan purun mêrpêki | wau Rahadèn Jimat | lan sêntananipun | Rahadèn Sewanêgara | pan binêkta marang nêgara ing Bali | Ki Kêtut sêdyanira ||
15. benjang akarsa wangsula malih | Dewa Kêtut yèn sampun siyaga | angrabasèng Mandurane | wau pangêludipun | sagung ikang bala Kumpêni | wangsul marang ing kitha | wau Dewa Kêtut | sampun numpak ing samodra | saha bala mantuk mring nêgara Bali | wau kang winarnaa ||
16. bala Kumpêni ambêbayongi | binakta mundur mring Surapringga | Pangeran Mandura make | ikang maksih angantu | anênata ruwêding bumi | mangkana lampahira | mayor sampun rawuh | ing nagari Surapriga | wus atundhuk mayor lan rêkyana patih | miwah Amral Baritman ||
17. bêboyongan saking Mandurèki | sampun katur marang ki apatya | nêhêr dipun lajêngake | maring Kartasurèku | kang pawèstri myang
--- [f. 622v] ---
rare alit | tinon kawêlasarsa | gêntya kang winuwus | dutanira ki apatya | ikang saking nagri Kartasura prapti | tundhuk lawan apatya ||
18. glis tinampan sêrating nrêpati | miwah bêbêktan batur[134] ing nawala |[135] sampun pinatêdhakake | ikang kêkalih iku | Radèn Suryawinata tampi | lawan Sasrawinata | pinaringan wau | nagari ing Surabaya | kang satugil maring Răngga Pramanèki | ginanjar ing Lamongan ||
19. dene ikang satugile malih | marang panakawan alit mila | duk kala Kapugêrane | Săngka wêwanginipun | duk Ki Wirasantika uni | ginanjar nagri Jipang | ngaranan Tumênggung | Surawijaya Ki Săngka | binêktakkên kinèn adamêl pêpatih | timbalane sang nata ||
20. mangkya Surawijaya ngêmasi | tilar sunu apan maksih bocah | nora kuwawi ing gawe | dadya Ki Săngka wau | kang ginanjar ing Jipang nênggih | saha sinungan nama | Tumênggung Mataun | Ki Tumênggung Cakrajaya | undhang sagung pugawa kinèn ngastrèni | miwah Amral Baritman ||
21. ya ta ikang kawusa[136] malih |[137] sira Dipati Jayapuspita | kang anèng Japan barise | lawan sakadangipun | Murah Panji sampun anunggil | Balèlèng saha wadya | anging kuwonipun | têngah lan sang adipatya | duk sêmana pan lagya agunêm kawis | masalahing ayuda ||
22. cinarita sira Murah Panji | anênuhun mring Jayapuspita [Jayapuspi...]
--- [f. 623r] ---
[...ta] | aprakara ing arine | Panji Kartayudèku | dèn lihêna arane Panji | lamun tan dèn êlihna | kawula mit mantuk | dadya wau tinurutan | ikang rayi sampun angalih wêwangi | ran Dêmang Kartayuda ||
23. nanging arine Surèngranèki | sang dipati tan purun ngalihna | dening patêdhan sang rajèng | Panji Surèngranèku | duk sang nata anèng Sêmawis | mêngkana Kartayuda | ing raka tinuduh | agêcak măncanêgara | Pranaraga Madiun lan Saosragi | Kaduwang Kamagêtan ||
24. nagri Daha wus anungkul lami | ing Sarêngat lawan Kartasana | ing Pace Rawa Kalangbrèt | Dêmang Kartayuda wus | budhal saking Japan nêgari | dhomas prajuritira | tan kawarnèng ênu | wus angancik ing Caruban | dipatine Madiun ing Pranaragi | Kaduwang lagya prapta ||
25. saking nagari ing Surawèsthi | wus siyaga sêdya magut ing prang | mring Dêmang Kartayudane | ing Pranaraga ngumpul | Kamagêtan Kaduwang sami | tuwin ing Jayaraga | pêpêk nèng Madiun | sampun agêng barisira | sira Dêmang Kartayuda budhal saking | Caruban saha bala ||
26. tan winarna ing marga wus prapti | ing Madiun baris wetan kitha | wong măncanêgara kabèh | sigra dènira magut | sampun campuh rame kang jurit | prajurit Surabaya | sarêng dènnya ngamuk | sira
--- [f. 623v] ---
Dêmang Kartayuda | anindhihi mring bala mamuk mangukih | sumyur măncanêgara ||
27. datan wontên tahan anadhahi | pangamuke wadyèng Surabaya | wus kancikan nagarane | tan alami anukul | sakathahe para dipati | mring Dêmang Kartayuda | prasamya sumuyud | wadya ing măncanêgara | wus kinêrig sadaya anunggil baris | lan Dêmang Kartayuda ||
28. sira Dêmang Kartayuda aglis | budhal saking Madiun nagara | mring Jagaraga karsane | dene ikang tinuduh | mring Kaduwang mantri kêkalih | Ngabèi Tambakbaya | lawan Wiratanu | angirid prajurit samas | mantri kalih ing Kaduwang sampun prapti | umadêg barisira ||
29. ing Wiraka sampun dèn irupi | kawarnaa Dêmang Kartayuda | wus prapta Jagaragane | lajêng ing lampahipun | praptèng Kiping tata kang baris | pangarsane wus prapta | baris Kalimungkung | nahan gêntya kawuwusa | sri narendra lagya wagugên ing galih | dènnya miyarsa warta ||
30. pambalike wong măncanagari | gègèr têpis wiring Kartasura | wong Surabaya praptane | abaris Kalimukung[138] | samya nukul wong Sokawati | solahe anggêgila | wadya Surèngkewuh | muwah kang anèng Kaduwang | urut Laroh gègèr samya dèn bahaki | myang urut Sakawatya[139] ||
31. dadya kapita nênge sang aji | dening putra Pangeran Purbaya | dadya bicara ing mangke | mring
--- [f. 624r] ---
Kumpêni gung-agung | panuwune ing sri bupati | kang putra dèn longana | gêgadhuhanipun | mariyême dèn pundhuta | lawang bêbutulan marang ing jro puri | punika binuntua ||
32. wêwêngkone Kalang Gawong pigir | tuwaburu nulup lawan dharat | Banyumas Mataram kabèh | Pamardèn Dayaluwur | pan sadaya wus dèn pundhuti | mila grahing wardaya | dening putranipun | kang dadya wêde kang driya | duk sêmana Pangeran Balitar nênggih | tinuduh dening rama ||
33. timbalanira sri narapati | ikang putra kinèn atugura | nagara ing Kaduwange | anugulang[140] ing musuh | wong Kaparak ikang dèn irid | Pangran Dipanagara | pan sarêng tinuduh | atugur ing Jagaraga | angundurna musuh kang anèng ing Kiping | sarêng dènira budhal ||
34. pan anuju ing taun Jimakir | sinangkalan kalih adi rasa | putra kalih pangluruge |[141] datan kawarnèng ênu | putra kalih praptèng Sêmanggi | nulya pisah ing lampah | kang rayi angidul | Pangeran Dipanêgara | lajêng ngalor ing Garompol sampun prapti | kèndêl amasanggrahan ||
35. Pangran Balitar ikang kawarni | lampahira wus praptèng Puhbuta | amakuwon sawadyane | pangarsanira rawuh | Ngadiraja dènira baris | nênggih ing Garwakăndha | kang wadya panganjur | sêmana wadya Kaparak | kanan [kana...]
--- [f. 624v] ---
[...n] kering Garwakăndha kang nindhihi | nahan kang winurcita ||
36. Tambakbaya mantri Surawèsthi | lawan Wiratanu wus miyarsa | yèn wadyèng Kartasurane | prapta angirid laku | putra nata ikang sumêndhi | pangeran ing Balitar | lan wadyakusya gung | dyan prajurit Surabaya | lèsèr saking ing Kaduwang Pranaragi | panganjur Kartasura ||
37. budhal saking Ngadiraja aglis | lampahira wus praptèng Kaduwang | Pangeran Balitar mangke | budhal sawadya umyung | Ngadiraja pangeran prapti | lajênge lampahira | Kaduwang wus rawuh | nêngêna kang kawarnaa | Pangran Dipanagara yuyunan jurit | lan wadyèng Surabaya ||
38. pan kasaru wontên surat prapti | saking rama kajêng sri narendra | nuwala tinupiksa ge | duking lêlamatipun | poma ayya sira ukabi | hèh êmas sutaniwang | iku layang isun | besuk sira tupiksaa | angetane yèn sira wus panggih kaki | lan Si Jayapuspita ||
39. wus tinikêm[142] malih punang tulis | Pangran Dipanagara tyas soka[143] | angunadika kalbune | raosing tyas wus kapangguh |[144] pan ing nguni wus dèn lèjêmi | dadya amupus ing tyas | madêg suranipun | Pangeran Dipanêgara | animbali ing ape[145] wus praptèng ngarsi | Ki Arya Wiradirja ||
40. Ki Wiradirja dèn babisiki | mêsa[146] saking ngarsaning pangeran [pangera...]
--- [f. 625r] ---
[...n] | datan kawarna lampahe | ing Kiping sampun rawuh | panggih lawan kartayudèki | sang duta wus tinulak | lakung sukanipun | sira Dêmang Kartayuda | angundhangi marang sagung pra prajurit | amêthuk lampahira ||
41. mra[147] Pandonan arsa amondhongi |[148] sira Pangeran Dipanêgara | wus samêkta prajurite | warnanên lampahipun | Arya Wiradirêja prapti | wus tundhuk lan Pangeran | Dipanêgarèku | katur ing sasolahira | jêng pangeran sêmana wus angundhangi | mring sagung balanira ||
42. duk sêmana ikang dèn tindhihi | bala Kartasura Gawong Kalang | miwah wong desa sakèhe | pangeran ngandika rum | mring sagunge kang para mantri | hèh kabèh dasih iwang | kang trêsna maringsun | ing besuk sira nungsula | ayya umung ing mangkya nugala maksih | lan baris Kartasura ||
43. yèn bubara ayya pisah têbih | besuk pisaha[149] yèn wus antara | saratri lah dipun age | dening pra garwanisun | atilar sajroning biting |[150] wau kang kawuwusa | wadya Surèngkewuh | sira Dêmang Kartayuda | saha bala prapta bêndhene tinitir | atri umyung kang surak ||
44. apuyêngan bala jroning biting | wong Kartasura samya siyaga | Pangran Dipanêgara ge | mêdal jawine pintu | asru dènnya ngundhangi baris | hèh batur ayya obah | isun arsa wêruh | apa rupane kang mêngsah | sigra
--- [f. 625v] ---
nitih pangeran turăngga aglis | lan sapta kang parêpat ||
45. kuda mamprung pangran aglis prapti | tundhuk lawan Dêmang Kartayuda | wadya kang ing wuri gègèr | sigra Pangran Madiun | kang tinuduh ngrabasèng biting | mring Dêmang Kartayuda | sigra dènnya nêmpuh | amêrpêki pabitingan | wadya Kartasura lumayu awiwrin | katunjang asasaran ||
46. sampun kêbut sakathahing baris | amung kantun para garwanira | Pangran Dipanagarane | wus pinondhongan wau | dening wadya măncanêgari | Pangran Dipanêgara | dènira apangguh | lawan Dêmang Kartayuda | eca bawa rasa pan sarwi lumaris | datan kawarnèng marga ||
47. prapta Pangeran Dipanêgari | jroning kitha Madiun wus matah | kang têngga pabitingane | miwah kang dadya cucuk | maksih pajêg dènira baris | prajurit Surabaya | anèng Kalimungkung | kang ngusir wong Kartasura | samya wangsul maring Lèpènmukung malih | atata barisira ||
48. têtindhihe ran Kêbokêkili | lawan sira Răngga Macanlola | pan mantri andêl-andêle | warnanên lampahipun | pangran lawan Kartayudèki | lajêng pan sampun prapta | ing Kartasanèku | sagunging mancanêgara | pan tinilar ing Madiun anênggani | ing garwaning pangeran ||
49. sigra lajêng prapta ing Kadhiri | Dêmang Kartayuda gya utusan | atur uninga kakange | mêsat [mêsa...]
--- [f. 626r] ---
[...t] kang dinuta wus | garewalan pan sampun prapti | ing Japan pan wus panggya | duta nêmbah matur | wus katur sasolahira | sira Jayapuspita suka i galih | sigra ngundhangi wadya ||
50. asiyaga miwah Murah Panji | ingaturan mêthuk jêng pangeran | sigra budhal sawadyane | dhusun Kasraban rawuh | rêrêb samya kang wadya alit | akarya pasanggrahan | parantinya mêthuk | Pangeran Dipanêgara | lawan Dêmang Kartayuda aglis prapti | wus tundhuk lan dipatya ||
51. pêngkul-pinêngkul myang Murah Panji | sira Dipati Jayapuspita | arum amanis ature | dhuh agèr gustiningsun | tan andipe yèn prapta ngriki | raose tyas kawula | kabanjiran madu | karoban samodra kilang | upamane kang abdi nandhang kêkêli[151] | mèh praptèng ing antaka ||
52. waluyane duk nah anggèr prapti | sigra Pangeran Dipanêgara | ambuka srat bêbêktane | tinupiksa kang têmbung | miwah sira ki adipati | gêntya dènnya nupiksa | samya nukmèng kalbu | kadriya ikang timbalan | jêng narendra lakung suka sang dipati | myang sira Panji Murah ||
53. samangkana praptèng ing Rêspati | sira Pangeran Dipanêgara | pan sampun jinujung rajèng | myang asilih jêjuluk | panêmbahan namane rèki | anêguh[152] Hèrucakra | bêbisikanipun | Senapati Ingalaga [Inga...]
--- [f. 626v] ---
[...laga] | Abdurahman Sayidin Panatagami | dene Sang Adipatya ||
54. Jayapuspita sinung wêwangi | sira Dipati Panatagama | myang Panji Surèngranane | samya sinung jêjuluk | Adipati Natapurèki | tuwin Ki Kartayuda | wus sinung jêjuluk | Dipati Sasranagara | sira Jaka Tangkêban sampun ingalih | Ki Ngabèi Jangrana ||
55. upacara sampun dèn aturi | saliring kang busananing nata | miwah wong magêrsarine | prajurit pitung atus | ikang kawan atus wong Bali | samya gagah prakosa | sagêgamanipun | prasamya sondhèr rangrangan | tan kêna pisah kang prajurit kawan biting |[153] lan kanjêng panêmbahan ||
56. lêlurahe Ki Muna satugil | lan Ki Mulak bantunira prapta | pun Murah Panji Balèlèng | awasta Gusing Agung | limang atus wadyane rèki | mangkana Sang Dipatya | Surabaya matur | marang Kanjêng Panêmbahan | kadipundi ing karsa panduka aji | malah ingayuda |[154]|
57. yèn kenginga kawula aturi | ngadhatona panduka ing Daha | ecaa siniwi bae | dening prakawisipun | pan amunga pun adhi-adhi | panêmbahan ngandika | pinrih masihipun | nanging manira ke[155] raka |[156] sêsinau nêdya ngawaki pribadi | tan arsa ngeca-eca ||
58. nging pun Sasranêgara Dipati | mung punika kang kawula bêkta | myang măncanêgara kabèh | sawetan Ngardi
--- [f. 627r] ---
Lawu | sampun owah kadi ing nguni | tan taha wak kawula | datan pitayèku | maksiha milya ing kakang | ngajêngêna mêngsah saking Surawèsthi | ki dipati sumăngga ||
59. sampun dadya gènnya gunêm kawis | kacarita pan samêdya căndra | nèng ngriku pangran lamine | budhal sawadya umyung | miwah sira sang adipati | sarêng dènira budhal | angatêr ing ênu | gya wangsul ukur-ukuran | mung Dipati Sasranagara kang maksih | nunggil lan panêmbahan ||
60. tan winarna solahirèng margi | Panêmbahan Hèrucakra prapta | ing Madiun wus pêpanggèh | lan para garwanipun | miwah wadyanira ing nguni | kang samya milya bubar | mangkya sami nungsul | wus panggih lan gustinira | myang kang para dipatya samya pêpanggih | lawan jêng panêmbahan ||
61. ingundhangkên marang Ki Dipati | Sasranagara lamun pangeran | sampun madêg nata mangke | sawetan Ardi Lawu | myang sakiduling jalanindhi[157] | sakilèn Balambangan | kang atas winêngku | bisikane naradipa | panêmbahan ya Hèrucakra ing mangkin | Senapati Ngalaga ||
62. iya Angabdurrahman Sayidin | Panatagama myang Karyuda[158] |[159] adipati sêsilihe | Sasranagara sampun | amupakat kang pra dipati | yèn kala sinewaka | mugèng tarub agung | pinarak anèng
--- [f. 627v] ---
dhêdhampar | lamun ari Saptu panêmbahan nênggih | miyos ing Pawatangan ||
63. nênggih ikang măngka pamugari | sira Dipati Sasranêgara | angrèh pugawa sakèhe | tatag tangginas têguh | ambêk sura ki adipati | yèn kala ulah yuda | nahan kang winuwus | Dipati Panatagama | kang abaris ing Japan nuduh kang rayi | banjêl mring Surabaya ||
64. Ki Dipati Natapura aglis | budhal lawan Ngabèi Jangrana | ngrabasèng Suraprigane | praptèng Sapanjang sampun | pan kacatur ing sabên ari | dènira badayuda | pan buru-binuru | mêngkana kang pinurcita | Pangran Adipati Balitar miyarsi | kalamun ikang raka ||
65. Pangran Dipanagara ing mangkin | sêdya băngga pan wus madêg nata | ing Madiun kadhatone | sigra utusan sampun | tur uninga ing rama aji | kang duta sampun prapta | Kartasura tundhuk | sêrat katur ing narendra | tinupiksa kawitèng[160] tyasing nrêpati | nahêr[161] nara parentah ||
66. wadya gêdhong tinuduh sapalih | ambantoni Pangeran Balitar | sigra lumpah[162] barise |[163] timbalane sang prabu | ikang putra kinèn ngasêgi | ngancika Pranaraga | mêngkana wus rawuh | bantu saking Kartasura | wadya gêdhong dutanira ikang ngirid | wus tundhuk lan pangeran ||
67. wus kadriya timbalan nêrpati | sigra wau Pangeran Balitar | angundhangi prajurite [prajuri...]
--- [f. 628r] ---
[...te] | kinon siyaga sampun | budhal saking Tirisan aglis | panganjuring ayuda | Ki Garwakăndhèku | kalawan Sêtyadirana | Kartabăngsa kalawan Panji Tohpati | wus praptèng Pranaraga ||
68. mingêr angalor barise rèki | praptèng Dhêlag[164] sira Garwakăndha | miwah Sêtyadiranane | myang Kartabăngsa wau | katri lawan Panji Tohpati | sira Pangran Balitar | Panaraga rawuh | Panêmbahan Hèrucakra | wus miyarsa yèn kang rayi marêpêki | budhal saking nêgara ||
69. arsa mêthuka yudane kang rayi |[165] sira Dipati Sasranêgara | ikang dadya panganjure | kalawan Gusti Agung | pan punika pugawa Bali | sira jêng panêmbahan | nindhihi ing pukur | datan kawarna ing marga | sigra prapta ing Gêdhêg[166] campuh ing jurit | lawan wong Kartasura ||
70. Garwakăndha ikang anindhihi | wadya Kaparak wong Balitaran | sira Sêtyadiranane | ramya ing yudanipun | sarêng[167] dènnya bêdhil-binêdhil | sami wong warêg dana | tan ana kang mundur | Dipati Sasranagara | angabani ing bala sarêng mangukih | pêngkuh wong Kartasura ||
71. wong Balitaran angantêp ing jurit |[168] gulang-gulang lan wong Samaputra | miwah wong Tanusêstrane | myang wong Jagasurèku | samya ngantêp ing yuda ngukih | miwah wadya Kaparak | tan anêdya mundur | arukêt dènira [dè...]
--- [f. 628v] ---
[...nira] yuda | long-linongan aramya asilih ukih | sira Pangran Balitar ||
72. anjênêngi mugèng wuri têbih | Panêmbahanera Hèrucakra | anjênêngi ing wadyane | nanging kalingan dhusun | èsmu merang mulat ing ari | amung wong Surabaya | lan prajurit Wangsul | miwah kang măncanêgara | kang dèn adu sagunging para dipati | samya ngawaki yuda ||
73. Ki Dipati Sasranêgarèki | mangsah manêngah sawadyanira | anitih maesa bule | kinapan abra murub | panyandêre kadya turanggi | binendrong ing sanjata | eca gènnya kambul | anêmpuh ing Garwakăndha | wadya Surabaya pangamuke ngukih | wadyèng Kaparak tadhah ||
74. wong Kalitaran[169] sigra nulungi | Sêtcadirana myang Kartabăngsa | miwah Panji Tohpatine | wong Surabaya liwung | rewang musuh kathah ngêmasi | Garwakăndha wongira | akathah kang lampus | sêntanane kangwan[170] dasa | Mantri Gêdhong Alap-alap angêmasi | sigra Ki Garwakăndha ||
75. angatag maring kang para mantri | wadya Kaparêk sarêng umangsah | miwah wong Kalitarane[171] | sarêng dènira nêmpuh | wadyèng Surabaya kyèh mati | sapih kang punang yuda | kasaput ing dalu | pan sarêng mundur kalihnya | Panêmbahan Hèrucakra wangsul malih | mring Madiun nagara ||
76. wadyèng Kartasura apan maksih | anèng Gandhêg[172] pajêg barisira | nging Pangeran [Pangera...]
--- [f. 629r] ---
[...n] Balitare | sawadyanira mundur | marang kitha ing Pranaragi | amung panganjuri[173] prang | anèng Gadhêg[174] tugur | kunêng gêntya kawuwusa | sri narendra sêmana grah angranuhi | kang putra tinimbalan ||
77. Pangran Dipati Balitar aglis | budhal saking nagri Panaraga | lan wadya sêliran bae | ikang binêkta mantuk | duta nata awanti-wanti | angegalakên lampah | tan kawarnèng ênu | Jêng Pangran Balitar prapta | Kartasura lajêng tumamèng jro puri | wus tundhuk lan narendra ||
78. gêrahira saya anglayadi | apan sampun karsaning Yyang Sukma | sang nata nimbali age | mring Kapitan Waswèku[175] | kang ajaga Kartasurèki | wus praptèng ngarsa nata | pinaringan sampun | sêrat dyan kinèn lajêngna | mring Batawi karsanya sri narapati | benjang sapukurira ||
79. kang linilan gumanti nrêpati | putranira têtiga punika | igih salah satugile | dhihin putra kang sêpuh | ikang sami mijil ing padmi | Pangeran Adipatya | Mangkunêgarèku | yèn punika ta wontêna | kang panênggak dipati ing Purbayèki | linilan madêg nata ||
80. yèn wontêna putra kang kêkalih | kang waruju prasamya rinilan | Adipati Balitare | ya wontên katrinipun | yakti ikang sêpuh pribadi | Pangeran Adipatya | Makunagarèku[176] | kang nuwala [nu...]
--- [f. 629v] ---
[...wala] wus tinampan | Jaswa mêdal sapraptanira ing jawi | wus mêsat dutanira ||
81. ya ta wau kajêng sri bupati | animbali ing para arinya | Pangran Arya Matarame | Arya Panularipun | kalih praptèng ngarsa raka ji | sang nata ris ngandika | karone rinisun | manira iki kaya na | karsani Yyang ing sapukur isun yayi | prakara putranira ||
82. isun titip marang sira yayi | putranira benjang Ki Dipatya | Makunêgara yogyane | kang gumantiyèng isun | yèn tan ana ki adipati | kang tuwa sutanira | karone puniku | Ki Adipati Purbaya | Ki Dipati Balitar karone sami | măngsa bodhoa sira ||
83. ikang putra samya dèn timbali | pêpak mugèng dagane kang rama | miwah kang pramèsyarine | myang wong sadalêm agung | nulya mapad sri narapati | tangis umyung gumêrah | miwah Kanjêng Ratu | Kancana sumukêm pada | para putra karuna samya nungkêmi | ing padane kang rama ||
84. gumêr tangise wong dalêm puri | garwa sêlir magung para lurah | amlasarsa sambate |[177] dyan siniraman gupuh | ki pangulu wus dèn timbali | sakêtib modinira | pêpêk nèng kadhatun | ka layon sampun kinapan | sinalatkên mantri papat rasa tugil |[178] nêngguh sêngkalanira ||
85. duk jênênge lima wêlas warsi | ikang layon binêkta [binê...]
--- [f. 630r] ---
[...kta] Mataram | sinarèkkên Magirine | mangka ikang anglurug | Garwakăndha wus dèn timbali | wadya Gêdhong Kaparak | sarêng dènnya mantuk | mung kang anèng Surabaya | Ki Tumênggung Cakrajaya ikang maksih | tugur sawadyanira ||
86. Adipati Mangunnagarèki | putra ikang ngêbroki ing pura | mêngkana dina Somane | pugawa sewa[179] pênuh | kang sêntana myang para mantri | ngabèi sinangarya | răngga lawan dêmung | kinêrig wong papêrdikan | sakathahe ngulama myang para kaji | miwah kang maratapa ||
87. ki pangulu kêtib juru modin | samya sewaka nèng panangkilan | warnanên ing jro purane | pangeran dipatyèku | wus siyaga arsa umijil | angantosi Kapitan | Jaswa lagya rawuh | Pangeran Arya Mataram | manjing pura kang putra wus dèn aturi | miyos ing panangkilan ||
88. nahêr miyos pangeran dipati | akêkanthèn asta lan Kapitan | Jaswa kang mugèng keringe | kang paman kananipun | sapraptane ing Păncaniti | sigra Pangeran Arya | Mataram sru muwus | hèh sakèhe pra dipatya | para mantri padha piyarsakna mangkin | yèn anak adipatya ||
89. agêntèni rama madêg aji | sira kabèh padha ngastokêna | myang para ulama kabèh | ngastrènana kaprabun | saur sêmbah kang para mantri |
--- [f. 630v] ---
miwah para ulama | kêtib lan pangulu | miwah pardikan sadaya | angastrèni ing jênêngira nrêpati | tuwin gurnadur jendral ||
90. sigra Kapitan Jaswa ngaturi | ing pangeran pinarak ing dhampar | kang rama palênggahane | arja lêlèmèk babut | apan sampun dèn pinarêki | sagunge pra dipatya | nêmbah ngusya suku | pangulu donga nurbuwat | dyan winaca anênggih kang sêrat jangji | saki[180] gurandur jendral ||
91. atêngara Kyai Gunturgêni | mriyêm ing loji munya sauran | tan antara ing kondure | sang nata mring kadhatun | myang Kapitan Jaswa umiring | sapraptanirèng pura | sira sang aprabu | kang paman kalih ngandikan | myang kang raka tuwin ikang rayi-rayi | sadaya ingandikan ||
92. sapraptane wau jroning puri | kang sêntana prasamya dhêdharan | lawan Kapitan Jaswane | miwah kang pra tumênggung | pan sadaya ngandikan puri | pan lajêng bêbadhayan | mugèng dalêm agung | tan winarna solahira | Panêmbahan Hèrucakra kang winarni | sampun miyarsa warta ||
93. lamun ikang rama sri bupati | mangkya mantuk maring rahmatolah | sakalakung pangungune | arsa mêmule sampun | angundhangi bala agêrit | kidang lawan manjangan | amêmule sampus[181] | mêngkana kang pinurcita | sri narendra ing dina Soma tinangkil | prabu ing Kartasura ||
94. datan owah kadya duk sawargi | miyosanira [miyosa...]
--- [f. 631r] ---
[...nira] Rêspati Soma | miwah yèn ari Sêptune | miyos ing alun-alun | anyukakkên manahing dasih | sang nata wus putusan | marang Surèngkewuh | Ki Tumênggung Cakrajaya | pinatêdhan uninga lamun sang aji | seda putra gumêntya ||
95. lawan kinèn têtêpa abaris | ayya mulih yèn durung sampurna | nêgari Surabayane | mangkana sang aprabu | pêparentah marang ing dasih | Kyai Kartanagara | wus jinujung luguh | dadya pêpatih pangiwa | pan pinaro parentah ing tanah Jawi | têngên sami kasmaran ||
151. Asmaradana
[Tumenggung Puspadirja badhé ngraman dhateng Kartasura lajeng dipunpejahi. Pangéran Tepasana lan radèn Jayakusuma dipuncepeng utusanipun adipati Cakrajaya.[182]]
1. wus siyaga ing ajurit | Radèn Arya Prigalaya | budhal saha panêkare | gêgaman awarna-warna | tinon lir puspita bra | miwah Tumênggung Sidayu | wus budhal gêgamanira ||
2. ya ta kang pugawa kalih | wus pamit ing radèn patya | lajêng mring Kapitan Lapèl | wus panggih lajêng lampahnya | umyung kang balakusya | ing marga datan winuwus | wus prapta ing Salatiga ||
3. wau kang pugawa kalih | apan sampun masanggrahan | nèng Salatiga barise | akubêng kapang-kapangan | wau kang kawarnaa | wong Cina Kang samya kumpul | kang abaris ing Bahrawa ||
4. prasamya miyarsa warti | lamun Arya Prigalaya | arsa ngrabasèng barise | dadya samya pirêmbagan | lan sagung wadya Cina | myang bangsanira akumpul | punang ulu-ulu mojar ||
5. hèh sakèhe sanak mami | iki Arya Prigalaya | praptane nglurug marene | yèn muguh karêp manira |
--- [f. 631v] ---
enake tinêmonan | darapon egala iku | lêlakon nulit[183] pêcaha ||
6. yèn nora mêngkono ugi | kang lêlakon dadi lawas | iya apa kawusane | saksana rêmbag sadaya | sigra dènira ngundang | juru tulis kang lumayu | saking nagri Kartasura ||
7. kang anèng Saroja ngusi | nênggih pun juru tulisan | tan alami ing praptane | Cina kang baris Bahrawa | alon dènira ngucap | marma sun undang sirèku | iki Prigalaya prapta ||
8. nèng Salatiga abaris | arsa amukul ing sira | iki ta rêmbuge kabèh | iya sira nêmonana | karana sira lawas | nèng nagri Kartasurèku | pasthi sugih kawawuhan ||
9. pun juru tulis nauri | amasthi ujar punika | sadaya kadi sadhèrèk | pugawa ing Kartasura | agêng alit punika | sêmana dadya arêmbug | pun juru tulis siyaga ||
10. angrasuk dadan ajurit | samya akêre têmbaga | sawênèh dandang binêdhèl | rosokan kêndhil lan timba | ginapit apaju pat | gêraji nulya pinangku | ikang kinarya rasukan ||
11. Cina kalih wêlas ngiring | saksana wau lumampah | sampun têlas wêwêlinge | kinèn mêcah lêlampahan | ya ta kang kawuwusa | Ki Arya Prigalayèku | têlike pan sampun prapta ||
12. kang saking ing Sitirawi | umiyat solahing Cina | miyarsa ing sarêmbuge | Cina yèn badhe putusan | amêcah lêlampahan | Ki Arya Prigalayèku | mèsêm dènira miyarsa ||
13. sigra dènira nauri | mring Radèn Sêtcadiningrat [Sêtcadi...]
--- [f. 632r] ---
[...ningrat] | miwah mantri kaliwone | prapta samya pirêmbagan | ngandika Prigalaya | maring Radèn Singaranu | hèh uwa paran rèhira ||
14. wong Cina kang badhe prapti | sêdya mêcah lêlampahan | kêkêrane ratuningong | botên bêbêcik ki uwa | mangke yèn Cina prapta | dika pirantèni gupuh | andika tumpês sadaya ||
15. Tumênggung Sidayu angling | alêrês punika kakang | mangke kawula urun wong | sêmăngsa Cina praptaa | dèn rampoga kewala | Cina budhêl anak ngasu | tan wruh wadining narendra ||
16. hèh bocah Sidayu aglis | wong Trunalanang saosa | iya patang puluh bae | milua marang si uwa | Singaranu barisa | mêndhêma anèng marga gung | wong Cina mêngko yèn prapta ||
17. nuli rampogên dèn aglis | Radèn Singaranu sigra | lèsèr saking ing ngarsane | Radèn Arya Prigalaya | nata panêkarira | mugèng satirahing ênu | dènira mêndhêm barisnya ||
18. tan antara Cina prapti | sira Juru Tulis Aram | Radèn Singaranu age | ngabani panêkarira | lah payo batur kănca | sêksana sarêng anêmpuh | Cina de[184] rempon kewala ||
19. kagyat akiwul tanpalih | pan wus kadhinginan papan | wong Cina pating carêngèk | nanging babal kang têtiga | pêjah ikang sêsanga | kinêthokan murdanipun | katur ing Dyan Prigalaya ||
20. linajêngakên tumuli | kang murda mring Kartasura | duta wus prapta dalême | rahadèn [raha...]
--- [f. 632v] ---
[...dèn] rêkyana patya | anulya tinimbalan | rahadèn patih angungun | yêktos pun Juru Tulis Am ||
21. rahadèn rêkyana patih | lajêng sohan mring jro pura | ngandikan praptèng ngarsane | wau kanjêng sri narendra | tur sêmbah saha turnya | pun Prigalaya pukulun | punika mêjahi Cina ||
22. nênggih punang juru tulis | punikang[185] kang pinêjahan | alon ngandika sang katong | lah kapriye iku paman | têka mêngkono iya | rahadèn patih wotsantun | măngsa boronga panduka ||
23. nanging ta sri narapati | ngutusi anamun netya | anututi ing Kalangsong | ya sapuluh-puluh paman | pan wus karsaning Sukma | lawan pakolihe iku | angrapêt dangdanan rêngka ||
24. lawan nutukakên malih | ing budi aprang dangdanan | sêdhêng paman karya ombèr | sira nuli kokonana | marang ing Martapura | bok ana pitakonipun | Si Singsèh bangsane pêjah ||
25. nêmbah rahadèn umijil | sapraptane dalêmira | sampun lampahkên dutane | sandi marang Martapura | ing marga tan winarna | sigra ing Sêmarang rawuh | pakuwone Martapura ||
26. surat sampun dèn tampani | binuka sampun kadriya | radèn patih timbalane | ya ta ikang kawarnaa | wong Cina ing Bahrawa | miyarsa yèn bangsanipun | dèn patèni Prigalaya ||
27. prasamya atur upêksi | marang senapatinira | nênggih pun Kapitan Singsèh | kang abaris Padurungan [Paduru...]
--- [f. 633r] ---
[...ngan] | dutanira wus prapta | wus katur sasolahipun | pêjahe juru tulisan |[186]|
28. bramatyanira tan sipi | dupi wau amiyarsa | sira pun Kapitan Singsèh | angrasuk kaprajuritan | saha bala sandhiya[187] | budhal mring pondhokanipun | ngantêp Radèn Martapura ||
29. tan adangu nulya prapti | pakuwone Martapura | wau pun Kapitan Singsèh | angadêg dènira ngucap | muka bang winga-winga | padoning lathi kumêdut | jaja lir mêdal dahana ||
30. radèn kayapa sirèki | piyangkuhe Prigalaya | lan Tumênggung Sidayune | wêsana arsa panggiha | wêkasan pinatenan | iya apa karêpipun | sapa kang duwe parentah ||
31. sida ala sida abêcik |[188] apa karêpe wong Jawa | yèn si ala karuhane | sira piyandêling nata | jênênge lakuniwang | payo gocèk[189] takêr marus | yèn wong Jawa nêdya ala ||
32. mèsêm Ki Martapura ngling | hèh bapak mêngko dèn tata | isun awêwarta bae | iki ana layang têka | Radèn Natakusuma | lan timbalane sang prabu | sun wacane rungokêna ||
33. nulya winaos tumuli | Kapitan Singsèh miyarsa | sêmana rèrèh nêpsune | anuli lênggah atata | samya ngungun ing solah | inane bangsaning rèku | dadya rêrêp parêmbagan ||
34. ikang kawuwusa malih | nagari ing Kartasura | duk kala Kapitan Lapèl [La...]
--- [f. 633v] ---
[...pèl] | pinatêdhanan uninga | yèn Arya Prigalaya | antuk dhas Cina sapuluh | kalakung suka tyasira ||
35. apan wus miyarsa warti | Kapitan Lapèl sêmana | rawat-rawate sang katong | akarsa ngucam[190] Wêlănda | lan aturing pugawa | nênggih warta kang tumanduk | saking ikang pasanakan ||
36. saya kathah kang ngabêni | sambung-sinambung kang warta | dadya kangur kang agêdhe |[191] yèn Pangeran Têpasana | sèdhèng sakadangira | arsa ngakali kaprabun | badhe wadul mring kapitan ||
37. pêcah wadine nrêpati | barang osike wong Jawa | punika dèn wadulake | kang minăngka dutanira | Pangeran Têpasana | Puspadirja namanipun | arine Tumênggung Batang ||
38. ikang mêntas dèn mantuni | akait lawan kapitan | angabêni ing wiraos | katur ing radèn apatya | sangêt kêjot ing driya | apakèwêd ing tyasipun | pan arsa dèn aturêna ||
39. mênawa dèrèng sayêkti | nulya kasusu pawarta | yèn sipêng loji dutane | gugup manahe rahadyan | patih lumêbèng pura | nulya ngandikan mring ngayun- | ira jêng sri naranata ||
40. manêmbah rahadèn patih | sang nata alon ngandika | ana pa jaba wartane | rêkyana patih tur sêmbah | gusti kawula mirsa | raka panduka pukulun | pangeran ing Têpasana ||
41. ing makyarsa malih kapti | akait lawan kapitan | dening
--- [f. 634r] ---
kang dadya dutane | arine Tumênggung Batang | nênggih pun Puspadirja | angandika sang aprabu | paman kaya pa rèhira ||
42. tur sêmbah radèn apatih | upami kinèndêlêna | mênawi mêmêcahake | gusti ikang paribasan | satru mugèng caklakan[192] | yèn dèn lunasi pukulun | dèrèng sayakti kang dosa ||
43. sang nata ngandika malih | isun paman wus alawas | angrungu warta mêngkono | akèh wong matur maringwang | isun durung pracaya | mêngko mêtu ing sirèku | sun gawe warta wus nyata ||
44. yèn mêngkono paman aglis | cêkêlên Si Puspadirja | lawan sasanak-sanake | sigra radèn patih mêdal | sapraptanira jaba | apatih ikang tinuduh | animbali Puspadirja ||
45. ya ta wau radèn patih | prapta dalêm kapatihan | animbali pêpatihe | awasta Ki Surajaya | yèn prapta Puspadirja | hèh Surajaya dèn gupuh | cêkêlên pasebanira ||
46. lan Si Puspatênayèki | lan arine Jakusuma | padha undangên karone | wong Pamijèn pilihana | egal sira kokona | Ki Surajaya wotsantun | sigra nuduh kancanira ||
47. wau ikang dèn timbali | rumiyin Ki Puspadirja | sampun praptèng pasebane | sajawining paregolan | cinêkêl wus binănda | kinèn angunjara sampun | kadange kalih wus prapta ||
48. samya cinêkêlan [cinê...]
--- [f. 634v] ---
[...kêlan] aglis | kalihe wus kinunjara | winor kalawan kadange | ing dalu datan winarna | enjing katur ing nata | wus dèn lunasi katêlu | murda pinanjêr galadhag ||
49. duk sêmana pra dipati | sadaya amakajangan | tuwin pra sêntana kabèh | mung radèn rêkyana patya | mangkat sing dalêm pura | mêngkana dyan patih wau | sowan marang jroning pura ||
50. wus ngandikan marang ngapti | sri naranata ngandika | paman mêngko wis kalakon | Si Batang wus karya lunas | lawan Si Puspadirja | balikan Têpasanèku | paran karêpira paman ||
51. tur sêmbah rahadèn patih | kawula sumagèng[193] karsa | anglampahi ing sapakon | yèn sampun têrang ing karsa | siyang dalu sandika | sang nata ngandika arum | ya pêthuk paman wis têrang ||
52. kêrana sun pikir-pikir | ing dalu kalawan siyang | nora katêmu bêcike | alane saya kapêdhak | dening wus lair paman | marang si kapitan iku | endi yèn dadi bêcika ||
53. umatur rahadèn patih | alêrês karsa panduka | yêktos kapanggih awone | ya paman nuli mêtua | kakang mas Têpasana | awake dhewe puniku | kang agawe lara pêjah ||
54. rahadèn rêkyana patih | tur sêmbah tumulya mêdal | sapraptanirèng dalême | animbali mring Rahadyan | Arya Mlayakusuma | wus prapta ing ngarsanipun | rahadèn patih [pa...]
--- [f. 635r] ---
[...tih] ngandika ||
55. radèn dika kula todhi | wawrate manah andika | muguh ing tisna abote | sanak ikang kadagingan | lan parentahing nata | Dyan Mlayakusuma matur | paman ing mênggah kawula ||
56. kalamun maksih amundhi | ing brêkatipun sang nata | tan wontên ikang katolèh | nadyan anak lawan bapa | dede yèn dèn têmbunga | lawan parentahing ratu | kang amêngku lara pêjah ||
57. anulya dèn bêbisiki | linairakên sadaya | ing karsanira sang katong | ing mangke dika ngong duta | dika mring pamondhokan | Pangeran Têpasanèku | dika aturi dèn enjang ||
58. kalawan dika sangadi | yèn kularsa têtêmua | ing benjing Kapitan Lapèl | Radèn Malayakusuma | sandika aturira | sigra pamit awotsantun | lajêng marang Patuguran ||
59. tumamèng pakuwonnèki | pangeran ing Têpasana | kapanggih pinarak pondhok | kagyat ikang rayi prapta | mêthuk ing palataran | kadingarèn arinisun | awan pinarak pondhokan ||
60. Radèn Mlayakusuma ngling | igih kakangmas kawula | apan dinuta wiyose | dhatêng rama jêngandika | pun paman adipatya | sampeyan ing ditên besuk | dipun aturi pinarak ||
61. dhatêng paman adipati | mila ngaturi sampeyan | dening pun Kapitan Lapèl | pan igih ing benjang enjang | dhatêng
--- [f. 635v] ---
ing Kapatihan | pangeran kagyat ing kalbu | igih yayi mas ing benjang ||
62. sarênga lan dika yayi | punapa kampuh kewala | Mlayakusuma ature | igih kampuhan kewala | wus amit sira radyan | ya ta warnanên ing dalu | pangeran ing Têpasana ||
63. sadalu amêrbês mili | dening ta sariranira | amagung yèn angsal awon | yèn ta sampun kantênana | kang dèn musuh sang nata | Cina lan Kumpêninipun | dèn byok ing salah satugal ||
64. arsa tan lumampah nênggih | dhatêng Kanatakusuman | dening ta Kapitan Lapèl | badhe marang Kapatihan | marma padhaning driya | datan kawarna ing dalu | apan wus raina tatas ||
65. Arya Mlayakusumèki | sêmana sampun utusan | mring Pangran Têpasanane | ingaturan enjang-enjang | sowan mring Kapatihan | Pangeran Têpasanèku | wus siyaga kêkampuhan ||
66. sigra dènira lumaris | marang ing pondhokanira | Dyan Malayakusumane | amêthuk ing palataran | sampun tata alênggah | kunêng gêntya kang winuwus | rahadèn ing Kapatihan ||
67. sêmana wus animbali | Ki Tumênggung Surabrata | lan kinèn miglihi[194] kang wong | bêcik-bêcik dèn gawaa | tan adangu wus prapta | ing Kapatihan wus tundhuk | rahadèn patih ngandika ||
68. hèh yayi ing Pranaragi | wongira kang pêpilihan | pêrnahna pipining regol | lan padha aling-alinga [aling-...]
--- [f. 636r] ---
[...alinga] | ing kajang uran-uran | nuruta pigir bata gung | padha ngagêma talêmpak ||
69. kang baris mêndhêm ing jawi | wong Kapatihan ing jaba | Surajaya têtindhihe | kalawan Ki Surabăngsa | Suradriya Surayuda |[195] lawan Surawêdanèku | kalawan Nilasêraba ||
70. wong Kapatihan jro baris | amêndhêm ing palataran | kang wong Sêtyanirbayane | lawan wong Jayamênggala | lan wong Jayaparusa | lan wong Jayaastanipun | lawan wong Sêtyanirmala ||
71. lan wong Tanpagêmpung nênggih | kalawan wong Tanparaga | wong Narataka malihe | kalawan wong Jayèngastra | Jayènglatri kalawan | wong Kapêtêngan puniku | anyatus salurahira ||
72. Kapêtêngan kang nglurahi | anênggih Suradigdaya | lan Mangunonêng sisihe | baris jroning paregolan | radèn patih ngandika | marang ing Radèn Tumênggung | Surabrata Pranaraga ||
73. dika nèng regol aligih | yèn Pangeran Têpasana | prapta andhêgên ing regol | yèn andika tinakonan | ngakua bantu aprang | Ki Arya Prigalayèku | ngagoa kaprajuritan ||
74. padha ubêngana kursi | sadalêming paregolan | lan dakonana[196] tuk gêdhe | iku dadya kanyatahan | kalamun Si Kapitan | Langpèl arsa amratamu | gantya ikang kawuwusa ||
75. Dyan Malayakusumèki | lan Pangeran [Pa...]
--- [f. 636v] ---
[...ngeran] Têpasana | budhal saking ing pakuwon | praptèng dalêm Kapatihan | kèndêl ing paregolan | tata nèng kursi aluguh | lan Tumênggung Surabrata ||
76. pangeran kagyat ningali | ing Rahadèn Surabrata | èsmu sandeya manahe | dening busana ngayuda | dadya pangeran tanya | punapa kakang tumênggung | angage kaprajuritan ||
77. Surabrata anauri | kawula badhe bantu prang | ing rayi sampeyan radèn | nênggih Arya Prigalaya | sampeyan lan kapitan | punika arsa mêrtamu | mariki mila wasisan ||
78. kawula arsa manggihi | wasisan dèn pracayakna | Pangeran Têpasanane | dhêdhêl wau ing tyasira | sigra Rahadèn Arya | Malayakusuma matur | ing Pangeran Têpasana ||
79. kakangmas kula aturi | kèndêl ing ngriki kewala | kawula lumêbêt mangke | atur uninga ing paman | mênawi dèrèng myarsa | yèn sampeyan sampun rawuh | ngling Pangeran Têpasana ||
80. igih sampeyan dèn aglis | Radèn Malayakusuma | lèngsèr maring ing jro tundhuk |[197] kalawan rahadèn patya | alon dènnya ngandika | pangeran punapa sampun | rawuh anèng paregolan ||
81. igih dangu dènnya prapti | rahadèn patih ngandika | radèn wangsula mring regol | pan sampun winêkas-wêkas | sigra wangsul Rahadyan | Mlayakusuma tumundhuk | lan Pangeran Têpasana [Tê...]
--- [f. 637r] ---
[...pasana] ||
82. Malayakusuma angling | kakangmas rama andika | igih wau timbalane | dika matur ing pangeran | kula todhi ing manah | dènnya asuwitèng ratu | masalahing katêmênan ||
83. kalamun si botên osik | ing make kula gêgila | igih têmên pangulane | pangeran ing Têpasana | kagyat anglês ing driya | yayi mung sariranisun | punapa kenging pagiha ||
84. lamun paman adipati | kawularsa aprasêtya | malah kasusu ature | igih ta watên punapa | nanging ta kakangêmas | panduka atilar dhuwung | wus tinampan ing rahadyan ||
85. apan ta wau kang rayi | Rahadèn Jayakusuma | awrat pocote dhuwunge | kang raka aris ngandika | hèh yayi aturêna | nêdya punapi puniku | ran dhèwèk tan nêdya ala ||
86. mara aturna tumuli | kêris marang rayi para | apan yayi raganingong | pan nora agawe ala | nulya Jayakusuma | angaturkên dhuwungipun | ing Radèn Mlayakusuma ||
87. sigra Ki Mangunyudèki | kalawan Ki Surayuda | wus kinêjepan kalihe | nubruk Pangran Têpasana | lawan Jayakusuma | kalihan sampun kapikut | saksana nulya kabêsta ||
88. jăngga sampun dèn tangsuli | datan sagêd tumungkula | pan sampun dèn pêrnahake | mugèng sarambi nèng langgar | sajroning paregolan | kinubêng ing barisipun [ba...]
--- [f. 637v] ---
[...risipun] | prajurit ing Kapatihan ||
89. suku samya dèn tangsuli | sinarimpung kalih pisan | Pangeran Têpasanane | mojar marang kang angraksa | Radèn Wirakusuma | hèh paman andika matur | dhatêng paman adipatya ||
90. yèn kêni kula puniki | pan namung urip kawula | katura ing paman mangke | yèn kawula anêdyaa | bakali[198] panjênêngan | supaya puruna nusup | ingantukakên mring Jawa ||
91. lan pusaka tanah Jawi | supaya kula sukaa | pinundhut maring sang katong | nging Radèn Wirakusuma | tan purun umatura | dadya kumêbêng angungun | pangeran ing Têpasana ||
92. sumêdhot karasèng galih | putrane kang sami priya | Rahadèn Wiratmêjane | Radèn Gêrndi kang taruna | dhuh kulup putraniwang | sira pisah lawan isun | nyawa paran polahira ||
93. ikang waspa adrês mijil | nanging ta tinênggak-tênggak | nulya mêndhung riris awor | jawahe sami sakala | Radèn Jayakusuma | patagihan takèn candu | maring kang sami angraksa ||
94. sinuhunakên tumuli | mring kanjêng radèn dipatya | nulya inguntal sapoge | saksana sira ngandika | Radèn Jayakusuma | pêdhakêna kursinisun | sun angujung kakangêmas ||
95. kang raka ngandika aris | uwis adhi sun tarima | ayya para pindho gawe | pan dhèwèk wong tanpa dosa | sahid ing patinira | mênga pintunèng [pi...]
--- [f. 638r] ---
[...ntunèng] syarga gung | payo asrah ing Yyang Sukma ||
96. kala kacêkêle rèki | ing wanci pukul sawêlas | ing pukul gangsal sontêne | pinundhut maring jro pura | tinandhu lampahira | binănda ing cindhe alus | ingiringakên gêgaman ||
97. Mangunonêng kang tinuding | kalawan Suradigdaa[199] | kinèn samya ngatos-atos | mangkya lamun tinakonan | ing loji angakua | yèn bêndara radèn ayu | seba marang ing jro pura ||
98. prajurit kang sikêp karbin | wonglung[200] dasa mugèng ngarsa | wolung puluh waos cebol | prapta ing loji lampahnya | Kumpêni samya cingak | têtanya sitên punikun[201] | sumaur kang tinakonan ||
99. gih radèn ayu dipati | asowan marang jro pura | sêmana prapta kadhaton | pinêrnah ing Suranata | Radèn Jayakusuma | patagihan wanci surup | takèn candu kudhangdhangan ||
1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.284. (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Dewa Bagus wastane ingkang satunggal (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.5.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.5.1). (kembali) |
3 | Dewa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.284, Pupuh 148.6.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.6.4; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.6.4). (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sira Dewa Kaloran (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.284, Pupuh 148.6.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.6.4; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.6.4). (kembali) |
5 | juragan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.284, Pupuh 148.7.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.7.6; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.7.6). (kembali) |
6 | Catatan: cakra pepet. (kembali) |
7 | mangkat (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.286, Pupuh 148.27.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.27.2). Bandingkan: budhal (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.27.2). (kembali) |
8 | lèngsèr (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.286, Pupuh 148.36.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.36.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.36.2). (kembali) |
9 | balia (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.287, Pupuh 148.41.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.41.7; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.41.7). (kembali) |
10 | rinurah (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.44.1). Bandingkan: rinuruh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.44.1). (kembali) |
11 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: marang sang nata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.45.6; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.45.6). (kembali) |
12 | bêbukaning (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.46.7; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.46.7). (kembali) |
13 | loji (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.287, Pupuh 148.51.5). (kembali) |
14 | Panji (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.287, Pupuh 148.53.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.53.2). (kembali) |
15 | Bandingkan: anjêtung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.54.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.54.1). (kembali) |
16 | Bandingkan: pakonanaa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.287, Pupuh 148.55.3); pakonanea (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.55.3; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.55.3). (kembali) |
17 | nglabuhi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.73.4). (kembali) |
18 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn katarima turnèki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.76.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.76.5). (kembali) |
19 | Bandingkan: rusak (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 49.69.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.80.6; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.80.6). (kembali) |
20 | Bandingkan: panji asra pan prapti (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.289, Pupuh 148.81.7); wanci ngasar pan prapti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.81.7); enjing asar pan prapti (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.81.7). (kembali) |
21 | tingkês (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.85.3). Bandingkan; têtingkês (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.85.3). (kembali) |
22 | tataning. Bandingkan: tatane (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.85.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.85.5). (kembali) |
23 | parbatapi. Bandingkan: parwatapi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.88.7); gunung gêni (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.88.7). (kembali) |
24 | Tambakaji (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.290, Pupuh 148.92.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.92.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.92.1). (kembali) |
25 | Biasanya guru lagu i. Bandingkan: atri (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.102.5); asri (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.101.5). (kembali) |
26 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: para kêtib tandangira kadi yaksa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.104.1); para kêtip tandangira kadi yêksa (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.103.1). (kembali) |
27 | èndhèr (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.291, Pupuh 148.107.7). (kembali) |
28 | rug (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.108.7). Bandingkan: ruging (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.107.7). (kembali) |
29 | Bandingkan: angkasa (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.291, Pupuh 148.109.1). (kembali) |
30 | ari (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 49.97.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.115.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.113.2). (kembali) |
31 | Bandingkan: darbe arasa tunggil (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.292, Pupuh 148.115.2). (kembali) |
32 | pilih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.292, Pupuh 148.119.7). Bandingkan: tanpolih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.119.7); olih (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.117.7). (kembali) |
33 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Wiranagara Têgal (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.121.4; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.119.4). (kembali) |
34 | Catatan: cakra dan pepet. (kembali) |
35 | Bandingkan: akrip (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.292, Pupuh 148.121.5). (kembali) |
36 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nging kèlês ing wadya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.125.3); pan kèlês ing wadya (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.123.3). (kembali) |
37 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wontên pangungsène kang sami lumaywa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.128.1); wontêna pangusènira kang lumajar (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.125.1). (kembali) |
38 | Cakrajayèki (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.293, Pupuh 148.135.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.135.5). (kembali) |
39 | mêngkaba (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.136.1). (kembali) |
40 | kukuh (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.293, Pupuh 148.137.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.137.7; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.134.7). (kembali) |
41 | nulungi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.293, Pupuh 148.139.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.139.7; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.136.7). (kembali) |
42 | pinêtak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.144.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.141.1). (kembali) |
43 | Tanggal: lar dadi obahing bumi (AJ 1642). Tahun AJ 1642 jatuh antara tanggal Masehi: 5 Desember 1717 sampai dengan 24 November 1718. Lihat juga: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.145.5. (kembali) |
44 | Catatan: cakra dan pepet. (kembali) |
45 | Teks asli kurang jelas. Bandingkan: binendrongan dening bêdhil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.151.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.148.5). (kembali) |
46 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: dènnya jurit têngah wêngi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.294, Pupuh 148.152.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.153.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.150.5). (kembali) |
47 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: bala Kartasura (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.154.3; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.151.3); wong ing Kartasura (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 51.6.3). (kembali) |
48 | anungsang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.295, Pupuh 148.159.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.160.3). (kembali) |
49 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang dadosa têtindhihing wadyabala (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.165.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.161.1). (kembali) |
50 | kanthine (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.295, Pupuh 148.167.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.168.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.164.1). (kembali) |
51 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ning wadya anglarag (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 51.19.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.168.3); ing wadya kang nglarag (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.164.3). (kembali) |
52 | Bandingkan: kewran (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.171.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.167.5). (kembali) |
53 | wagugên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.296, Pupuh 148.177.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.178.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.174.5). (kembali) |
54 | Kumpêni (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.297, Pupuh 148.192.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.191.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.188.1). (kembali) |
55 | gêmpang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.192.7; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.189.7). (kembali) |
56 | sogok (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.297, Pupuh 148.193.5; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 51.44.5). Bandingkan: gosok (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.193.5); sorot (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.190.5). (kembali) |
57 | popori (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 52.45.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.194.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.191.2). (kembali) |
58 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: diningrat sawadyèki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.195.7; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.192.7); diningrat saha dasih (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 51.46.7). (kembali) |
59 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus sêdhênge magut jurit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.206.5); wus sêdhênge manggut jurit (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 5.202.5). (kembali) |
60 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.299. (kembali) |
61 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: pan tinuduh munggèng pangawat keri (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.3.2); wus tinuduh dadya pangawat kering (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.3.2). (kembali) |
62 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: anadene wadya pasisir sadarum (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.3.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.3.5). (kembali) |
63 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: samya kèndêl kang wadya tata biting (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.6.2); sampun kèndêl samya anata biting (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.6.2); wusnya cêlak kitha atata biting (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 52.5.2). (kembali) |
64 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: saking Nusakambangan Murah Panji (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.18.2); sangking Nungsakambangan Murah Panji (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.18.2); Murah Panji Balèlèng ikang prapti (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 52.16.2). (kembali) |
65 | samutunging. Bandingkan: samutunge (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.19.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.19.2). (kembali) |
66 | Bandingkan: aruntik (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.20.7); runtik (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.20.7). (kembali) |
67 | Bandingkan: raripu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.301, Pupuh 149.20.3). (kembali) |
68 | karanane (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.25.4). Bandingkan: kalangane (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.25.4). (kembali) |
69 | Bandingkan: umagut (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.301, Pupuh 149.25.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.26.3). (kembali) |
70 | Kurang satu gatra: gatra ke-4 (7a). Bandingkan: sira Jaka Tangkêban (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.28.4); sira Jaka Tangkêban (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.28.4). (kembali) |
71 | Kurang satu gatra: gatra ke-5 (12u). Bandingkan: ki dipati kang munggèng ing dhadhanipun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.28.5); ki dipati minăngka ing dhadhanipun (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.28.5). (kembali) |
72 | anggamêng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.29.5). (kembali) |
73 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kadya mina mêmăngsa jroning warih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.31.2); kadi mina măngsa sajroning warih (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.31.2). (kembali) |
74 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lamun bala Kumpêni angêmasi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.33.2); yèn Kumpêni akathah ingkang mati (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.33.2). (kembali) |
75 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Kapitan Krasbun myang Lutnan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.33.6); Kapitan Krêbun lan Lutnan (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.33.6). (kembali) |
76 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tikêl ingkang wastra pating carêngkling (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.36.2); tigas ingkang gêgaman ting carêngkling (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.36.2). (kembali) |
77 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kêlab-kêlab pratiwi gonjang-ganjing (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.38.2); kêlap-kêlap pratiwi gonjang-ganjing (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.38.2). (kembali) |
78 | ginggang (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.38.4; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.38.4). (kembali) |
79 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lindhu mawor prakêmpa kang prabata rug (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.38.5); lindhu awor prakêmpa kang parbata rug (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.38.5). (kembali) |
80 | Bandingkan: kajawi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.40.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.40.2). (kembali) |
81 | sakumpêninira (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.302, Pupuh 149.39.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.40.6; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.40.6). (kembali) |
82 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tumpês sakumpêninira (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.302, Pupuh 149.39.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.40.6; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.40.6). (kembali) |
83 | Bandingkan: Gustaf (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.43.1); Kustap (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.43.1). (kembali) |
84 | kêmbul (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.303, Pupuh 149.45.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.46.1). Bandingkan: kambu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.46.1). (kembali) |
85 | Bandingkan: lapampuwa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.303, Pupuh 149.46.4); arêmpua (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.47.4); rêbaha (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.47.4). (kembali) |
86 | bang-bang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.48.2). Bandingkan: bangbang (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.48.2). (kembali) |
87 | Bandingkan: gubar (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.49.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.49.5). (kembali) |
88 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Dipati Jalapuspita [Jayapuspita] myarsi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.51.2); Ki Dipati Jayapuspita myarsi (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.51.2). (kembali) |
89 | Kurang satu suku kata dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: Dipati Jayapuspita (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.304, Pupuh 149.55.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.55.6; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.56.6). (kembali) |
90 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: aywana nêdya gêsang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.57.4); aja anyipta gêsang (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.57.4). (kembali) |
91 | patukuning (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.57.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.57.5). (kembali) |
92 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: apan iki patukuning swarga luhung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.57.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.57.5). (kembali) |
93 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wadyabala Kumpêni kwèh ngêmasi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.58.2); wong Kumpêni akathah ingkang mati (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.58.2). (kembali) |
94 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Kapitan Pardhèmês sarêng dènnya magut (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.58.5); Kapitan Pardèmês pan sarêng umanggut (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.58.5). (kembali) |
95 | ngimpun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.304, Pupuh 149.58.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.59.1). Bandingkan: ngimpuni (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.59.1). (kembali) |
96 | Bandingkan: kawan dasa kang samya ngagêm mandurbus (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.304, Pupuh 149.60.5). (kembali) |
97 | Bandingkan: pacing anggulasah wadyèng Surèngkewuh (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.62.5); anggêlasah wadyabala Surèngkewuh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.61.5). (kembali) |
98 | Bandingkan: andaka (dan di tempat lain) (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.65.5). (kembali) |
99 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sira Jaka Tangkêban anyamêthi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.66.2); sira Jaka Tangkêban sru nyamêthi (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.67.2). (kembali) |
100 | Bandingkan: manêngah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.66.4; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.67.4); manêba (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.305, Pupuh 149.66.4). (kembali) |
101 | Terdapat dobel sandangan: binendrongan atau benendrongan. (kembali) |
102 | kontit (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.305, Pupuh 149.68.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.68.7). Bandingkan: katut (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.69.7). (kembali) |
103 | Angabèi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.305, Pupuh 149.75.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.75.6). Bandingkan: Ngabèi (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.76.6). (kembali) |
104 | anusul (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.306, Pupuh 149.83.5; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 54.46.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.84.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.84.5). (kembali) |
105 | Bandingkan: brêgadan dhomas pan ênting (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.87.7); babrêgadan pra Kumpêni (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.87.7). (kembali) |
106 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: karsaningsun tumpês sajroning nagri (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.90.2); karsaningsun tumpêsa jro nagari (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.90.2). (kembali) |
107 | kaputran (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.307, Pupuh 149.93.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.94.4; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.94.4). (kembali) |
108 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: nanging têbih kuwunya lan dipati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.95.2); nanging têbih lawan sang adipati (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.95.2). (kembali) |
109 | dadya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.307, Pupuh 149.95.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.96.7; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.96.7). (kembali) |
110 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sampun prapta Kaputran sawadyèki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.98.2). (kembali) |
111 | kancikan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.308, Pupuh 149.98.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.99.1). (kembali) |
112 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: praptèng kuwunira rêkyana patih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.104.2); sapraptane ing ngarsane apatih (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 56.6.2). (kembali) |
113 | Pangran (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.308, Pupuh 149.103.7; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 56.6.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.104.7). (kembali) |
114 | lamine (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.308, Pupuh 149.107.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.108.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 56.10.2). (kembali) |
115 | Teks asli kurang jelas. Bandingkan: asêksi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.117.2). (kembali) |
116 | nupiksa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.120.2). (kembali) |
117 | antuk (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.310, Pupuh 149.120.3). Bandingkan: acundhuk (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.121.3); apanggih (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 56.23.3). (kembali) |
118 | ingimpun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.310, Pupuh 149.120.7). Bandingkan: ingipuk (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.121.7). (kembali) |
119 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Cakranagara mring wong Bali (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.122.2); Radèn Cakranagara de wong Bali (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 56.24.2). (kembali) |
120 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Sewanagara kang wêwangi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.123.2). (kembali) |
121 | băngga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.124.5). Bandingkan: bongga (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.310, Pupuh 149.123.5). (kembali) |
122 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: mangke băngga kait lawan Dewa Kêtut (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.124.5). (kembali) |
123 | ginêpuk (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.125.5). (kembali) |
124 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ngirid bala Kumpêni rong brêgada wus (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.126.5). (kembali) |
125 | Dipati (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 56.29.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.128.6). Bandingkan: patih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.310, Pupuh 149.127.6). (kembali) |
126 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Dipati Jayapuspita (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 56.29.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.128.6). (kembali) |
127 | Surèngpringga (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.310, Pupuh 149.129.2). (kembali) |
128 | mêdhun. Bandingkan: mundur (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.132.1). (kembali) |
129 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wadyèng Nusakambangan dèn tindhihi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.134.2). (kembali) |
130 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.312. (kembali) |
131 | kasaput (dan di tempat lain). Bandingkan: kasapwèng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.4.4). (kembali) |
132 | swami (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.4.9). (kembali) |
133 | Bandingkan: rêrempon (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.312, Pupuh 150.4.10); rêrepot (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.4.10). (kembali) |
134 | catur (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.18.2). (kembali) |
135 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: miwah bêbêktan catur nawala (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.18.2). (kembali) |
136 | kawuwusa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.314, Pupuh 150.21.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.21.1). (kembali) |
137 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ya ta ingkang kawuwusa malih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.314, Pupuh 150.21.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.21.1). (kembali) |
138 | Kalimungkung (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.30.4). (kembali) |
139 | Sokawatya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.30.10). (kembali) |
140 | ananggulang (dan di tempat dan bentukan lai ). Bandingkan: anganggulanga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.33.4). (kembali) |
141 | Tanggal: Jimakir: kalih adi rasa putra (AJ 1642). Tahun AJ 1642 jatuh antara tanggal Masehi: 5 Desember 1717 sampai dengan 24 November 1718. Lihat juga: paksa karya obahing bantala (AJ 1642) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 57.32.2). Bandingkan: kuda adirasa putra (AJ 1647) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.34.2–3). (kembali) |
142 | tiningkêm (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.39.1). (kembali) |
143 | suka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.39.2). (kembali) |
144 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: rosing tyas wus kapangguh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.39.4). (kembali) |
145 | ipe (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.39.9). (kembali) |
146 | mêsat (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.40.2). (kembali) |
147 | mring (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.41.1). (kembali) |
148 | Bandingkan: mrapandonan arsa amondhongi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.316, Pupuh 150.41.1). (kembali) |
149 | Bandingkan: sigrêha (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.316, Pupuh 150.43.2). (kembali) |
150 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dèn tilara sajroning biting (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.43.5). (kembali) |
151 | kêkêling (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.51.9). (kembali) |
152 | anêngguh (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.317, Pupuh 150.53.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.53.6). (kembali) |
153 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tan kêna sah kang prajurit kawan biting (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.55.9); tan kêna sah catur tus prajurit Bali (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 57.51.9). (kembali) |
154 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: masalahing ayuda (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.56.10). (kembali) |
155 | ki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.57.8). (kembali) |
156 | Bandingkan: nanging manira keraka (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.318, Pupuh 150.57.8). (kembali) |
157 | jalanidhi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.61.5). (kembali) |
158 | Kartayuda (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.318, Pupuh 150.62.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.62.2). (kembali) |
159 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Panatagama myang Kartayuda (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.318, Pupuh 150.62.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.62.2). (kembali) |
160 | kampitèng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.65.9). Bandingkan: kampita (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 57.62.9). (kembali) |
161 | nêhêr (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.65.10; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 57.62.10). (kembali) |
162 | lumampah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.319, Pupuh 150.66.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.66.3). (kembali) |
163 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sigra lumampah barise (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.319, Pupuh 150.66.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.66.3). (kembali) |
164 | Bandingkan: Godhêg (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.68.2). (kembali) |
165 | Lebih dari satu suku kata. Bandingkan: arsa mêthuk yudane kang rayi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.69.1). (kembali) |
166 | Bandingkan: Godhêg (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.69.9). (kembali) |
167 | Bandingkan: rêrêng (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.319, Pupuh 150.70.5). (kembali) |
168 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Kablitaran angantêp jurit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.71.1). (kembali) |
169 | Kablitaran (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.74.1). (kembali) |
170 | kawan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.320, Pupuh 150.74.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.74.8). (kembali) |
171 | Bandingkan: Kablitarane (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.75.3). (kembali) |
172 | Bandingkan: Godhêg (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.76.2). (kembali) |
173 | panganjuring (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.320, Pupuh 150.76.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.76.6). (kembali) |
174 | Gandhêg (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.320, Pupuh 150.76.7). Bandingkan: Godhêg (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.76.7). (kembali) |
175 | Jaswèku (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.78.4). (kembali) |
176 | Mangkunagarèku (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.320, Pupuh 150.80.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.80.7). (kembali) |
177 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: amlasarsa sêsambate (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.321, Pupuh 150.84.3); amlasasih sêsambate (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.85.3). (kembali) |
178 | Tanggal: mantri papat rasa tugil (AJ 1643). Tahun AJ 1643 jatuh antara tanggal Masehi: 25 November 1718 sampai dengan 13 November 1719. Lihat juga: mantri papat ngrasa wani (AJ 1643) (Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 1.5.9). (kembali) |
179 | Bandingkan: sowan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.87.4). (kembali) |
180 | saking (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.321, Pupuh 150.90.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.91.10). (kembali) |
181 | sampun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.322, Pupuh 150.93.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.94.7). (kembali) |
182 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.323. (kembali) |
183 | nuli (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.323, Pupuh 151.5.7; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 1.13.7). (kembali) |
184 | dèn (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 1.26.7). (kembali) |
185 | punika (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.324, Pupuh 151.22.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 1.30.2). (kembali) |
186 | Bandingkan: pêjahe juru tulis An (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.325, Pupuh 151.27.7). (kembali) |
187 | sadhiya (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 1.36.6). (kembali) |
188 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sida ala sida bêcik (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 1.39.1). (kembali) |
189 | Bandingkan: ngajak (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 1.39.6). (kembali) |
190 | Bandingkan: bucal (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 1.43.4). (kembali) |
191 | Bandingkan: wadya katur ingkang gêdhe (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 1.44.3). (kembali) |
192 | cangklakan (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 1.50.5). (kembali) |
193 | sumanggèng (dan di tempat lain). Bandingkan: sumănggèng (Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 12.52.2). (kembali) |
194 | milihi (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 1.75.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 186.27.3). (kembali) |
195 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Srundiya Surayuda (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 186.29.5). (kembali) |
196 | dokokana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 186.34.3). (kembali) |
197 | Biasanya guru lagu e(o). Bandingkan: lèngsèr samana praptèng jro (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 186.40.3); lèngsèr sêmana praptèng jro (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 1.88.3). (kembali) |
198 | ngakali (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 186.51.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 1.99.5). (kembali) |
199 | Suradigdaya (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 1.106.2). (kembali) |
200 | wolung (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.330, Pupuh 151.98.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 186.59.2). (kembali) |
201 | puniku (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.330, Pupuh 151.98.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 186.59.6). (kembali) |