Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 01–12)
1. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
2. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 13–21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
3. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 22–34). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
4. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
5. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 46–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
6. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 50–59). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Babad Kartasura
--- [f. 1r] ---
Kasêrat saha ingkang salam danga[1] Kangjêng Rahadèn Pringgakusuma, ingkang atêtêngga panari[2] dalêm ing Karmata Madiun Pangungangak.[3] Sasampuning kadya punika a...
--- [f. 1v] ---
[...]
--- [f. 2r] ---
History of Amanakourat Soosoohoonan of Souracarta in Java
Translated into English by [...][4]
Decr 1st 1819
--- [f. 2v] ---
[...]
--- [f. 3r] ---
[...]
--- [f. 3v] ---
History of Amanakourat Soosoohoonan of Souracarta in Java
1. Pêksi[5]
1. Bomataka[6] sapta nèng pratiwi | ing Soma Pon Galungan ing tanggal | rongpuluh Madilakire | He awaling katêlu |[7] kang winuryan anèng palupi | putra ing Nayagănda | kang andon anglurug | mring bang wetan mênang aprang | sakondure masisir anjog Sêmawis | saha wadya punggawa ||
2. pasisir măncanêgara kêrig | samya
--- [f. 4r] ---
umiring kang surèng laga | ing nguni wus madêg raje[8] | duk lagyarsa anglurug | anggantyani rama kang swargi | Susuhunan Mêngkurat | amawi jêjuluk | Senapati Ingalaga | Ngabdurrahman Sayidin Natagami |[9] wau kang winurcita ||
3. ing Sêmarang wontên jalma nênggih | têtaruka lawan sutanira | Buyut Kalaweyan rane | sujalma alul laku | Martanaya rane kang siwi | ing nguni duk sang nata | lagya mangkatipun | anglurug maring [ma...]
--- [f. 4v] ---
[...ring] bang wetan | budhalira saking Têgal nèng jêladri | alayar mring Japara ||
4. Kalaweyan kalawan kang siwi | mapag atur sêgah nèng lautan | pan akathah tur-ature | durèn salak kapundhung | pêlêm jambu pijêtan manggis | năngka timun sêmăngka | winrat ing parau | sang narpa nuju kasatan | kang pasêgah katur dhatêng sri bupati | kalangkung kapracaya ||
5. duk kadhahar dhatêng sri bupati | dènnya dhahar angraos kajasad | dadya dhawuh timbalane | hèh ya tarima ingsun | binjang lamun sun mênang jurit | ana pitulunging Hyang | yèn ingsun wis kondur | mring Sêmarang amapaga | mêngko sira karia ja milu jurit | mêngkana kang timbalan ||
6. Kalaweyan mangkya mirsa warti | yèn sang nata mênang dènira prang | Kalaweyan bungah tyase | asaos atur-atur | dhêdhaharan kang adi-adi | kawarnaa sang nata | sawadya wus rawuh | ing Samarang masanggrahan | Kalaweyan lan anakira anuli | seba marang narendra ||
7. tumamèng pasanggrahanira ji | sêdhêng siniwèng para nayaka | pratiwa satriya andhèr | Ki Kalaweyan mangsuk | mundhuk-mundhuk suta nèng wuri | kagyat nata ngandika | bageya Ki Buyut | Kalaweyan dhêku nêmbah | ngaturakên pasêgah têdhaning dasih | sang narpa ris ngandika ||
8. lah ta iya atarima mami | Kalaweyan sun pundhut nakira | sun naur sihira akèh | iku sun jungjung lungguh | ingsun sêngkakakên ing nginggil [nging...]
--- [f. 5r] ---
[...gil] | sun ganjar ing Samarang | sun wèhi jêjuluk | Mas Răngga Yudanêgara | Kalaweyan asujud anèng pratiwi | asru pandonganira ||
9. para punggawa samya ngèstrèni | Martanaya sinung aran Êmas | Răngga Yudanêgarane | undhang dalêm misuwur | pinaringan nagri Sêmawis | nata maksih sineba | ing prawara pênuh | arêmbag prênahing pura | naradipa tan arsa kithèng pasisir | Mangunonêng turira ||
10. yèn suwawi ngadhaton ing Tingkir | tanah dhahas sang nata tan arsa | Wirawidigda ature | yèn amarêngi kayun | sêsukuning Arga Marapi | ing Logêndèr wastanya | apanjang-apunjung | sri naranata tan arsa | Adipati Urawan umatur aris | pênêd ing Wanakarta ||
11. apolatan papanipun inggil | lawan cêlak kadhaton ing Pajang | ămba mirsa wirayate | swargi eyang pukulun | Surapringga Pangeran Pêkik | ngandikan mring Mataram | kadalon ing Butuh | lajêng sare andêdagan | sinung swara makatên ujaring wangsit | hèh Pêkik wruhanira ||
12. alas kuloning Pajang ta benjing | ing Wanakrêta dadi nagara | anadene narendrane | pan kaprênah wayahmu | lamun bêdhah nagri Matawis | sang nata langkung tustha | myarsa aturipun | sira Dipati Urawan | angandika aris sang sri narapati | paman Anrangkusuma ||
13. sira ikang[10] lumakua dhingin | babadana alas Wanakrêta | reka-rekanên patute | bakal kadhaton ingsun | sigra [si...]
--- [f. 5v] ---
[...gra] nêmbah radèn apatih | lèngsèr sawarèng wadya | samapta akumpul | budhal saha balanira | Radèn Anrangkusuma lampahira glis | prapta ing Wanakarta ||
14. binabadan wus padhang rinakit | prênahing pura wus cinêngkalan | ngadêg dalêm pagêr bêthèk | kawarnaa sang prabu | nulya budhal saking Samawis | sagêrwa[11] wadya warga | swarane gumuruh | kêrig pasisir sadaya | tan winarna ing marga sri narapati | prapta lajêng ngadhatyan ||
15. wus sinung aran ingkang nêgari | Kartasura Adiningrat rannya | sang nata pangadhatone | Buda Pon dinanipun | nuju tanggal ping pitu sasi | Sakban măngsa katiga | Alif taunipun | anuju windu Sancaya | sinangkalan jatha sirna rêtu bumi |[12] dadining Kartasura ||
16. cinarita natarsa nimbali | mring kang rayi Susuhnan Ngalaga | kang ngadhaton ing Palèrèd | Pangalasan ingutus | sigra mintar nahan winarni | kang angrêbut Mataram | Natèng Ngalagèku | ri sêdhêngira siniwa | pagêlaran kang munggèng ngarsa nêrpati | sirarya Măndhalika ||
17. lan Pangeran Natakusumèki | jajar lawan Radèn Natabrata | catur prawara jangkêpe | ingkang aran Tumênggung | Gajahingpramada wus nangkil | aglar pratiwanira | rănggarya supênuh | dêmang tăndha kêndhuruan | ăndhamoi sadaya samya sumiwi | akram ing panangkilan ||
18. Dêmang Kalêng lawan Jagawèsthi [Jagawè...]
--- [f. 6r] ---
[...sthi] | abdi dalêm Arya Tambakbaya | lan Surajaya jajare | Răngga Tanpulas ngayun | lawan Tanpanaha Ngabèi | Ki Arya Măndhalika | manêmbah umatur | wartine raka paduka | sampun madêg narendra mêngsah kajodhi | pun Trunajaya pêjah ||
19. bala sabrang pan awarni-warni | malih wartine ingkang satêngah | Walandi Amral wastane | amindha ngaku-aku | andarbèni ing tanah Jawi | sang nata angandika | apa yêktinipun | iya dudune kakang mas | Măndhalika umatur saha wotsari | dedene raka tuwan ||
20. panganggene pan kadya Walandi | lawan akula-kuli lan kofar | inggih punika dedene | kang rapêt yêktosipun | lamun raka paduka aji | nênggih abdine lama | sadaya tut pungkur | wong kadipatèn sadaya | samya ngiring miwah punggawa pasisir | samya suyud sadaya ||
21. langkung èmêng tyasira sang aji | myarsa ature Ki Măndhalika | ngandika ing punggawane | poma aja na tungkul | samaptaa praboting jurit | mênèk kinamadaka[13] | si Amral kang rawuh | anggawa bala Wêlănda | angragadha ngukuhi ing tanah Jawi | pasthi sun antêp ing prang ||
22. nadyan silih kakang mas dipati | yèn tan amrih arjaning nagara | anuruti suruhane | amriha rusakipun | tan angeman ing wadya alit | upama mêngkonoa | desa akèh lêbur | ing sambatane kakang mas | sun tan awèh sun rewangi labuh
--- [f. 6v] ---
pati | lêbur lan wong sa-Jawa ||
23. kaya dudu kakang mas dipati | dene wartane khaji mring Mêkah | mêngko mêngkono jêbule | dadi Wêlănda iku | anglampahna têlik kang bêcik | dèn waspada ing tingal | aja salang surup | kalamun dudu kakang mas | nora wurung ingsun maguta prang sabil | amrih marga sawarga ||
24. lagi eca dènnya gunêm kawis | kasaru duta kang lagya prapta | dumêrojog ing ngarsa ge | atur srat sang aprabu | tampi agya anupiksani | pèngêt bukaning surat | salam donganingsun | Kangjêng Susunan Mêngkurat | Senapati Ngalaga saha Sayidin | Panata Ingagama ||
25. dhawuha maring ari Dipati | Pugêr ingkang wus umadêg nata | kang ngadhaton ing Palèrèd | sah salam donganingsun | awèh wêruh ing sira yayi | mungsuhira wus sirna | Trunajaya lampus | bala gêmpang ing payudan | ingsun yayi nora mulih mring Matawis | ngadhaton bumi Pajang ||
26. alas Wanakarta sun bakali | sira yayi dèn inggal praptaa | sun antèni dandan praje | ayasaa kêdhatun | titi punang surat nata ngling | duta sira muliha | sun pikir karuhun | lan para punggawaningwang | risang duta nêmbah lèngsèr praptèng jawi | ulihe sêsandêran ||
27. saungkuring duta gunêm kawis | Natèng Ngalaga nari punggawa | kabèh kaya pa karêpe | dangu tan [ta...]
--- [f. 7r] ---
[...n] ana matur | punggawane kewran ing ati | sigrarya Măndhalika | manêmbah umatur | tan eca rasaning manah | bokmanawi guna-gunaning Kumpêni | sagêda mindha-mindha ||
28. Pangran Natakusuma tur bakti | yèn suwawi anggèr dawêg seba | mokhal lamun gawe-gawe | dening pasisir suyud | yèn dedea rakanta yêkti | wontêna malih tingal | Măndhalika matur | yêktine warna Wêlănda | bilih-bilih guna-gunaning Kumpêni | tan kêna linambanan ||
29. angandika sang sri narapati | paman Natakusuma sun duta | lawan Si Natabrata ge | dèn waspada ing dulu | aja kêna kêdhaping aksi | kalih matur sandika | nêmbah lèngsèr mêtu | Pangeran Natakusuma | lawan Radèn Natabrata praptèng jawi | budhal sawadyanira ||
30. nahan ingkang kawarnaa malih | dutaning Nata Prabu Mêngkurat | Pangalasan duk praptane | ngarsanira sang prabu | manganjali aturira ris | patikbra tur pratela | rita[14] narpa Prabu | Ngalaga mangun wibawa | datan arsa sumiwèng paduka aji | sampun amêngku pura ||
31. andikanipun arinta wadi | kawula pan kinèn rumuhuna | pinikir wingking sandine | èmêng tyasira prabu | nahan gantya winarna malih | duta kalih Kalagan | Kartasura rawuh | sang nata sêdhêng sineba | pagêlaran andhèr pra nayaka jawi | akram pratiwanira [prati...]
--- [f. 7v] ---
[...wanira] ||
32. ingkang munggèng ngarsaning narpati | Radèn Apatih Anrangkusuma | sinambungan prawarandhèr | Ki Arya Sindurjèku | Adipati Urawan kèri | lawan Wirawidigda | miwah Ki Tumênggung | Binorong[15] lan Suranata | Mangkuyuda kalawan Natayuda ri | ing wuri mantri jajar ||
33. samya abukuh konjêm ing siti | sri narendra pinarêk dhêdhampar | miwah Amral Hèlduwèlbèh | pra upêsir supênuh | warêg boga wadya Kumpêni | sang nata pêparentah | sanegaèng pupuh | prawara matur sandika | sri narendra jêngkar dènira tinangkil | kondur malêbèng pura ||
34. kang sewaka bubar padha mulih | sowang-sowang kawarna kang prapta | Pangran Natakusumane | lan Dyan Natabratèku | praptèng Kanrangkusuman aglis | angaturi uninga | kang atunggu pintu | sigra Dyan Anrangkusuma | têdhak duta kalih agya dèn aturi | tundhuk ing palataran ||
35. jawat tangan anulya kinanthi | tata alênggah anèng mandhapa | Pangran Natakusuma ge | anandukakên wuwus | praptaningsun dinuta yayi | ing Susuhnan Ngalaga | mariksa kang rawuh | adrês ujaring pawarta | tanayaning Amral ngaku tanah Jawi | milanggèr tan sumiwa ||
36. malah arsa mapag ing ajurit | lamun èstu kang raka kang prapta | ingsun age-age mulèh | matur marang sang prabu | sun aturi seba
--- [f. 8r] ---
tumuli | Radèn Anrangkusuma | angling awor guyu | yèn èstua naking Amral | măngsa ingwang kulinaa andêdasih | yèn mêngkonoa kakang ||
37. ingsun matur marang sri bupati | rahadèn patih anulya seba | ingandikan mring ngarsa ge | manêmbah alon matur | pun apatih atur upêksi | rita Narpa Ngalaga | dutanipun rawuh | amariksa jêng paduka | pan kawarti saking nagari Matawis | tuwan atmajèng Amral ||
38. mila ari paduka tan prapti | mangkya anduta mantri santana | sampun sumêlang galihe | nênggih kang dipun utus | Natabrata lan paman aji | Pangran Natakusuma | mèsêm sang aprabu | aris dènira ngandika | iya bênêr adhimas Pugêr Dipati | prayêtna[16] ing lukita ||
39. wêwekane wong ngrêksa nagari | manawa kêna kinamandaka | adhimas akèh wekane | lah poyanana gupuh | paman Natakusuma Patih | ja mulih mring Mataram | Si Natabratèku | muliha atur uninga | mring adhimas aja ta sumêlang galih | nuli inggala prapta ||
40. radèn apatih manêmbah mijil | praptèng wisma dhawuhi timbalan | Pangran Natakusumane | sandika aturipun | Radèn Natabrata winêling | saksana agya budhal | lan sawadyanipun | lampahe agêgancangan | tan kawarna ing marga praptèng Matawis | nata lagya sineba ||
41. pinarêk anèng ing srimanganti | aglar para pratiwa [pra...]
--- [f. 8v] ---
[...tiwa] prawara | Dyan Natabrata praptane | ngandikan praptèng ngayun | manganjali matur tan yakti | karya dora sêmbada | amrih dadya ripu | pun paman Natakusuma | malih tingal angantun sampun ambalik | sumiwèng Kartasura ||
42. wontên dening kang jumênêng aji | Amangkurat pan dede rakanta | èstu Amral tanayane | inggih sawingking ulun | sampun rakit praboting jurit | arsa ngrurah Mataram | kadya aglis rawuh | sang nata èmêng ing driya | ênêngakna gantia ikang winarni | prabu ing Kartasura ||
43. lami angarsa-arsa kang rayi | Natèng Ngalaga tan ana prapta | sang nata kaku ing tyase | dènnya langkung kayunghyun | radèn patih atur upêksi | rita Narpa Ngalaga | tan arsa cumundhuk | sêdya mandhirèng Mataram | wadyanipun ing Parambanan abaris | angirupi padesan ||
44. kagyat ing nala sri narapati | angandika patih undhangana | wong ing Kartasura kabèh | ingsun budhal ing besuk | dèn samapta praboting jurit | si Amral poyanana | ingsun gawa mêtu | ing prang konên asanega | radèn patih wus mêdal undhang prajurit | sadaya asanega ||
45. miwah sagung kang bala Kumpêni | sadhiya wus samapta ing yuda | kêrigan saradadune | tan kawarna ing dalu | enjing umyang têngara muni [mu...]
--- [f. 9r] ---
[...ni] | sangkêp sikêping yuda | baris ngalun-alun | miyos sang sri naradipa | budhal baris pangarsa sagung Kumpêni | munggèng wurining nata ||
46. masanggrahan Dalanggu sawêngi | injing budhal tan kawarnèng marga | praptèng Malinjon barise | masanggrahan sang prabu | pangarêpe baris ing Taji | kang baris Parambanan | wong Kalagan mawut | nahan wadya Kartasura | kawarnaa mantri punggawa Matawis | ngundurakên arahan ||
2. Durma
1. kawarnaa sira Sang Nata Ngalaga | sineba ing prajurit | andhèr andêling prang | Ki Arya Măndhalika | kang munggèng ngarsa narpati | Gajahpramada | Tumênggung Jagawèsthi ||
2. Tambakbaya lawan Arya Surajaya | Jadêrma Wirapati | lan Surakartika | Dêmang Kalêng kalawan | Răngga Jênar lan Ngabèi | Panjêr lan Rawa | Urutsèwu kinêrig ||
3. sira Arya Măndhalika matur nêmbah | gusti mêngsah gêng prapti | têtiyang arahan | sampun larut sadaya | dening kang dadya têtindhih | Amral minangka | senapatining jurit ||
4. nênggih anèng Malinjon ênggène Amral | myang sagung pra dipati | sang nata ngandika | lah padha undhangana | sakèhing punggawa mantri | saosa gaman | ingsun mapag ing jurit ||
5. lah pikirên apa gêlaring ayuda | wong mungsuh lan Kumpêni | matur Măndhalika |
--- [f. 9v] ---
yèn suwawi ing karsa | sakèhing wadya Matawis | pinara tiga | amrih kuwating jurit ||
6. jêng paduka ikang amangkua dhadha | tindhih pangawat kèri | pun Gajahpramada | ămba pangawat kanan | gya têngara bêndhe nitir | ing pagêlaran | prajurit padha cawis ||
7. pra dipati sadaya sami sanega | têtêg ping tiga muni | budhal kang pangarsa | Ki Arya Măndhalika | wusamapta[17] ing ajurit | Gajahpramada | karo andêling jurit ||
8. Natèng Nglaga budhal anitih turăngga | wasta pun Kamasari | daragêm ulêsnya | binusanan saryendah | kang magêrsari marapit | pêngulunira | nututi milu jurit ||
9. adhuh anggèr kawula tumut ayuda | sang nata ngandika ris | aja milu sira | karia tunggu pura | ing binjang lamun dèn rampid | sakarêpira | prang alun-alun kaki ||
10. prapta Kaliajir Sang Natèng Alaga | majêng cucuking baris | anèng Parambanan | wadya samya pacalang | wong Kartasura tanapi | samya pacalang | kapapag Kalibêning ||
11. sru gambira wadya Kalagan umiyat | ing mungsuhira nuli | mangsah anarajang | tandangira sudira | wong Kartasura nadhahi | samya sudira | rame bêdhil-binêdhil ||
12. sira Arya Măndhalika tur uninga | yèn campuh ing ajurit | wadya kang pangarsa | sang anta[18] angandika | wau dhumatêng kang rayi | Pangeran Arya | Panular agya yayi ||
--- [f. 10r] ---
13. tindhihana sagung upacaraningwang | dadia wakil mami | sakèhing têngêran | sira ingkang mangkua | ingsun amor ing wadya lit | pan arsa wikan | solah jayaning jurit ||
14. Pangran Arya Panular datan lênggana | sigra têngara jurit | sumahab umangsah | miwah kang kèri kanan | parêng anduk padha wani | kadya ampuhan | surak lan bêdhil muni ||
15. gumarudul bêdhile wong Kartasura | wong Kalagan nadhahi | angoyok prangira | gègèr wong Kartasura | giris lumalya angisis | padha sasaran | ngumpul baris ing Taji ||
16. sigra mangsah Kya Tumênggung Mangkuyuda | lawan Natayuda ri | saha wadyanira | wong Kalagan wus prapta | ing Taji anêmpuh wani | lir saradula | wong Kartasura ngisis ||
17. sigra ngamuk Mangkuyuda Natayuda | Măndhalika ningali | glis ngêtab turangga | mara sarya sru mojar | hèh pantèn mundura aglis | sapa ranira | maksih anom bêk wani ||
18. anauri iya ingsun Mangkuyuda | wadana mantri bumi | Arya Măndhalika | angling asêmu suka | kalingane ta sirèki | sasêngkan anyar | trahing wong angon mêri ||
19. lah dèn aglis pantèn sira sumingkira | Ki Mangkuyuda runtik | mara gigit waja | asru dènira matang | tumèmbêl ing bau kèri | Ki Măndhalika | asuka dènira ngling ||
--- [f. 10v] ---
20. hèh ta sira rare Kêdhu liwat pugal | sun walês sira mati | si Amral majua | sun kêmbari ing yuda | Ki Mangkuyuda anolih | wadya wus sirna | sigra ngingêr turanggi ||
21. dukinêtab[19] anututi wadyanira | wong Kalagan nututi | anglud saparannya | wadya ing Kartasura | kandhêg ing Tangkisan baris | wadya Kalagan | mandhêg sawetan Taji ||
22. Mangkuyuda lajêng ngaturi uninga | dhatêng sri narapati | ywan kasor ing yuda | prapta ing Sudimara | abdi ri paduka aji | Suhnan Ngalaga | anindhihi ngajurit ||
23. abdi dalêm samya lumajêng sasaran | kalangkung dening ajrih | myat ari paduka | datan kêni tinata | sang nata angandika ris | baya adhimas | angayoni ing kami ||
24. ingsun têdha mugi adhimas elinga | yèn têmpuh ing ajurit | kabèh wadyaningwang | yèn adhi êmas mara | padha piyaka dèn aglis | dimène prapta | yayi mas ngarsa mami ||
25. ana ngêndi barise yayi mas iya | matur rahadèn patih | wontên Parambanan | ari paduka nata | sawadyanipun abaris | ingkang pangarsa | wontên sawetan Taji ||
26. ênêngakna kang lagi gunêm prakara | ingkang winarna malih | Susuhnan Ngalaga | kang anèng Parambanan | ngaturan kondur mring puri | ngamungna wadya | kang kari baris ngriki ||
27. angandika aris Sang Natèng Alaga | ingsun arsa udani [uda...]
--- [f. 11r] ---
[...ni] | tingkahing ayuda | sun arsa nglugas raga | angampingi mring si adhi | Arya Panular | dadya sêsilih mami ||
28. lagya eca sang nata timbal[20] wacana | kasaru mungsuh prapti | wadya Kartasura | miwah bala Wêlănda | sumahab kadya jaladri | wadya Kalagan | mungkur tan amigati ||
3. Pangkur
1. kandhêg wadya Mêngkuratan | nata gêlar amrih kuwating jurit | wadya Kumpêni akumpul | nèng têngah dadi dhadha | sira Arya Sindurja pangawatipun | sisih Dipati Urawan | sang nata kang anèng wuri ||
2. sigra anêmbang têngara | bêndhe bèri tinitir amêlingi | swaranira tri gumuruh | tambur abarung surak | kadya guntur asauran ing lor kidul | pasisir măncanagara | ambêlabar tanpa wilis ||
3. Kangjêng Susuhnan Mêngkurat | sigra ngrasuk busana cara Wlandi | akêkaos akarêpus | rasukan lapis tiga | bêlah jaja baludru rinenda murub | amojah sinulam sutra | kinatimang mas sinangling ||
4. abêbadhong susun tiga | têtirahe sinawud ing widuri | ujwala pating palancur | akuluk sigar jangkang | tinatirah ing renda kancana murub | yèn tinon saking kadohan | kadya durnadur[21] ngajawi ||
5. anyuriga pêdhang usar | anèng anggar binalongsong mas adi | tan măntra putrèng Matarum | pinarêk ing dhêdhampar |
--- [f. 11v] ---
Magêrsari kapêdhak dalêm supênuh | para punggawa Ing ngarsa | aglar satriya sumiwi ||
6. kang ngapit-apit akapang | Jagasura lawan wong Judhipati | sang nata ngandika asru | lah mara kêbutêna | mundhut kuda nulya sumaos ing ngayun | kêkambil cara Wêlănda | salebrak baludru wilis ||
7. sang nata nitih turangga | nulya budhal sawadya magêrsari | swaranira tri gumuruh | tambur abarung surak | cucuking prang acampuh buru-binuru | tandange bala Kalagan | lir danawa rêbut daging ||
8. wadya Bagêlèn umangsah | tinadhahan dening wadya Kumpêni | arame kang têmpuh lawung | Ngambon Bugis Makasar | wong Bagêlèn tan ana mundur ing kewuh | samya sudira ing rana | binendrong bêdhil Kumpêni ||
9. Tumênggung Gajahpramada | wus angiwa sarewangya[22] ingirid | ing Karapyak kang jinujug | anjog ing Ngantên tata | Măndhalika angirid rerehanipun | anurut gunung mangetan | ing Mutihan kang dèn jogi ||
10. dening ingkang dadi dhadha | Pangran Arya Panular kang nindhihi | wadya Bagêlèn pinangku | sirarya Tambakbaya | lawan Arya Surajaya anèng ngayun | dadya sêsabêting rana | prawira sudirèng wèsthi ||
11. arame têmpuhing yuda | wong Kalagan pangamukira ngukih | Arya Surajaya nêmpuh | lan Arya Tambakbaya | kumêroyok wong Bagêlèn tandangipun [ta...]
--- [f. 12r] ---
[...ndangipun] | arame sêrang-sinêrang | wong Kalagan akèh mati ||
12. ikang Sinuhun Ngalaga | amirangti[23] anèng wurining baris | wong Mataram parêngamuk[24] | pêngkuh wong Kartasura | sinusupan kukuse sundawanipun | dening wadya ing Kalagan | kang katrajang angêmasi ||
13. mawut wadya Kartasura | bingung prange akèh pisah lan gusti | samya angumpul ing pungkur | Măndhalika glis mara | saking kidul Jangrana mapag ing ngayun | kalawan Arya Sindurja | arame bêdhil-binêdhil ||
14. rame têmpuhing ayuda | Arya Măndhalika wus ambêk pati | angamuk sawadyanipun | dadya rame gêmporan | Ki Tumênggung Gajahpramada gya rawuh | lajêng nêmpuh saking kiwa | Ki Urawan kang nadhahi ||
15. ki adipati ing Dêmak | Suranata sêmana glis tinuding | atulunga yudanipun | ing Dipati Urawan | Suranata wus angirid wadyanipun | Tumênggung Gajahpramada | Suranata dèn tadhahi ||
16. arame sêrang-sinêrang | Ki Tumênggung Gajahpramada ngukih | sawadyanira angamuk | lir danawa mamăngsa | wong ing Dêmak nadhahi tan ana mundur | arame campuhing yuda | wong ing Dêmak akèh mati ||
17. ing wuri saya kèh prapta | angêbyuki karoban wong Matawis |
--- [f. 12v] ---
pasisir sadaya rawuh | wong Kudus lan Jawana[25] | Lasêm Rêmbang Japara Tuban Sidayu | Tumênggung Gajahpramada | ingurugan ing pêpati ||
18. katiban mimis sêsawat | wêntisira watgata tiba linggih | ana kaponakanipun | aran Răngga Wijaya | kagèt mulat ing paman tiba alungguh | agêpah pinalajêngan | ingkang paman dèn tangisi ||
19. watara kari rongdasa | sêntanane tan adoh angubêngi | Răngga Wijaya umatur | tuwan nitiha kuda | dipun age kawula gawa lumayu | Tumênggung Gajahpramada | nêdya mati ing ajurit ||
20. cuculana bênting ingwang | gya winuwur bêntinge cindhe wilis | binêbêdakên ing tatu | lingya[26] Gajahpramada | lumayua kabèh sanak-sanak ingsun | aturêna sêmbah ingwang | ing gusti sri narapati ||
21. osiking manah karuna | sapa ingkang among gusti sang aji | sun têdha maring Hyang Agung | gustiku ing Mataram | mugi-mugi anaa ingkang têtulung | lananga tulus sinêmbah | ing wadyabala sa-Jawi ||
22. kawula amit pralaya | ing payudan dadya bantêning nagri | pan kawula sampun pênuh | kêkucahing kang swarga | têkèng mangke kawula dèrèng anaur | kalangkung tiwas kawula | amongmong ing sri bupati ||
23. santananira sadaya | padha nangis ing ngarsa anggendholi | sadaya ngaturi [ngatu...]
--- [f. 13r] ---
[...ri] mundur | wadya tumpês ing rana | Ki Tumênggung Gajahpramada sru muwus | age padha lumayua | ingsun wus karsaning Widi ||
24. mungsuh kanan kèri prapta | ambêdhili ki tumênggung tan gingsir | wus ingambên tatunipun | sigra nitih turangga | ngagêm watang sinabêt turangganipun | majêng sarwi ngikal watang | sêdya ngamuk ambêk pati ||
25. lir pindah[27] dirada mêta | ki tumênggung pangamuke wus lali | kang katrajang mawut-mawut | kang panggah pagah gêmpang | pinetaran sanjata pasêr lan bungsur | suligi srampang brêngkolang | towok panah lawan lêmbing ||
26. wong siji pira kuwatnya | upamane abêbalunga wêsi | sungsuma gêgala putung | turangganira pêjah | Wurubraja wêkasan tiba alungguh | sarira akathah pasah | rinêbut para dipati ||
27. Gajahpramada wus pêjah | sêntanane akèh kang milu mati | akêdhik ingkang lumayu | akèh mati ing rana | sira Arya Măndhalika maksih tarung | arame sêrang-sinêrang | padha prawira bèr wani ||
28. sigra Adipati Dêmak | Suranata angingêrakên baris | mangiwa arsa têtulung | myang barising Japara | Lasêm Rêmbang Juwana Pathi lan Kudus | ing Tuban lawan Sidaywa | Kya Măndhalika tan gingsir ||
29. Cakraningrat saha wadya | atêtulung awor wong Surawèsthi | sarêng dènira [dèni...]
--- [f. 13v] ---
[...ra] anêmpuh | kèlêban wong Mataram | ingurugan sanjata pasêr ngandhanu | bingung wadya Măndhalikan | tan ana nêdya ngunduri ||
4. Durma
1. ramening prang alah duk Patrunajaya | wong Mataram wus lali | rêmpêg pangamuknya | sinasiwo ing kathah | tan ana ingkang nanggêni | ingkang katrajang | wong pasisir angisis ||
2. Arya Măndhalika majêng asêsumbar | rêbutên ing ajurit | iki Măndhalika | dhangkèle wong Mataram | kang amomong sri bupati | barênga mara | hèh cêcindhil pasisir ||
3. mêngko uga ungsume iwak amijah | mangsane kali banjir | kèh sasêngkan anyar | nora etang ing pêjah | kumaruk dadi priyayi | anak wong nyantrang | wuru dadi priyayi ||
4. Kartajaya sira iku lir camêra | nora narima bêcik | pan wis angawula | ing Sinuhun Ngalaga | ing mêngko iki ambalik | Si Dêmak edan | têka ngèngèr Kumpêni ||
5. amiyarsa Ki Tumênggung Suranata | bramatya langkung runtik | mangsah sikêp watang | saha nrêgakên wadya | Măndhalika anadhahi | kadya ampuhan | acampuh padha wani ||
6. agêntoran kasaput dalu sêmana | sapih ingkang ajurit | Arya Măndhalika | ngungun sarêng miyarsa | yèn Gajahpramada mati | katur ing nata | langkung tikbra ing galih ||
7. kawarnaa Kangjêng Susuhnan Mêngkurat | ing Tangkisan [Tangki...]
--- [f. 14r] ---
[...san] abaris | sumahab ing papan | pirang pandêlêng abra | miwah barising Kumpêni | alêlumbungan | tan adoh lan narpati ||
8. pra punggawa sadaya sami ngandikan | andhèr ngarsa bêkti |[28] rahadèn apatya | matur saha wotsêkar | abdi paduka nêrpati | akathah pêjah | prajurit akèh kanin ||
9. tandangipun rayi paduka Ngalaga | wignya sura matitis | myang wadyane samya | prawira ing ayuda | angandika sang siniwi | dhuh adhi êmas | wignya angadu dasih ||
10. mangkeneya têtarunge wong Mataram | duk prang lan Sampang dhingin | kaya nora bêdhah | nagara ing Mataram | bala Makasar akêdhik | mangsa kangkata | angrurah ing Matawis ||
11. ênêngêna ingkang makuwon Tangkisan | gêntia kang winarni | Sang Nata Ngalaga | kang anèng Parambanan | ginubêl ing para mantri | pan ingaturan | kondura maring puri ||
12. sira Arya Măndhalika aturira | dhuh anggèr sri bupati | paduka kondura | nadyan aprangantêpa[29] | ngalun-alun aprayogi | kang ingaturan | sêmana anuruti ||
13. nulya bubar sang nata sawadyakoswa | ingkang kari abaris | anèng Parambanan | Răngga Wiradipura | sakancane mantri jawi | Dyan Pulangjiwa | dadya kawaling jurit ||
14. sapraptane Palèrèd agya sanega | ing alun-alun baris | tindhih Mandhalika | lan Pangeran Panular | Natèng Ngalaga jênêngi | lan ingkang paman |
--- [f. 14v] ---
Pangran Pamênang nênggih ||
15. kang pêputra kang aran Pangran Pamênang | Pangran Silarong swargi | myang sagung punggawa | Rahadèn Natabrata | nahan gantia winarni | Prabu Mêngkurat | samapta sawadya tri ||
16. injing budhal saking pakuwon Tangkisan | sumahab anèng margi | pangajêng Jangrana | lan Suranata Dêmak | Janapura Jêparèki | katri mênggala | ngirid sagung pasisir ||
17. wong Mataram kang abaris Parambanan | larut katrajang gusis | tan wani anglawan | lajêng wong Kartasura | wus prapta ing Kaliajir | sri naranata | tansah lawan Kumpêni ||
18. praptèng Pajarakan nata masanggrahan | injing budhal kang baris | lampahe tinata | dening wus parêkitha[30] | pangajêngira wus prapti | kikis nagara | surak anata baris ||
19. wong Kalagan agya sawega malatar | tanna nêdya mêdali | ngalun-alun aglar | gènnyarsa ngantêp ing prang | sagunging wadya pasisir | manjing ing praja | ing Karanon abaris ||
20. samya kèndêl angantèni kang timbalan | wus katur ing sang aji | yèn Natèng Ngalaga | datan mêdali yuda | mêmpên sadalêming puri | wadya punggawa | ngalun-alun angrakit ||
21. Radèn Anrangkusuma nata pangawat | kanan kalawan kèri | myang ingkang pangarsa | sigra sagung dipatya | anêmbang têngara atri | bêndhe angangkang | tambur kêndhang gong bèri ||
22. kadya gêrah surake ambal-ambalan | nahan ingkang kawarni |
--- [f. 15r] ---
prawara Kalagan | nata sikêping yuda | têngêran samya rinakit | tunggul bandera | lêlayu prang mêdali ||
23. umbul-umbul kang anyêkêl sinalinan | milih kang surèng pati | lan kang warêg dana | samya nyêpêng bandera | miwah têngêran narpati | gulakêlapa | pra mantri kang nunggoni ||
24. wus atata kang baris angapurancang | bêdhil Ki Gunturgêni | sampun ingisenan | myang Kiyai Subrastha | Kumbarawa Kumbarawi | samya pinasang | mantrine anunggoni ||
25. ki pangulu abaris ing pagêlaran | lan para kêtib modin | sêdya sabilolah | samapta busanèng prang | sang nata munggèng sitinggil | nulya têngara | kêndhang gong bêndhe bèri ||
26. munya ngangkang munggang anèng sitibêntar | inggar sikêping jurit | wadya Kartasura | saksana parêng mangsah | ing kanan kalawan kèri | miwah ing dhadha | kumêrud parêng ngrampid ||
27. wong Kalagan ingkang abaris ing pasar | kuwat dènnya nadhahi | Arya Măndhalika | têtindhihing ayuda | têguh prawira linuwih | tangguh atatag | tuhu prajurit apti ||
28. wong ing Kartasura parêng mangsah ngrana | byuk wadya ing pasisir | gya wadya Kalagan | Ariya Tambakbaya | Arya Surajaya tuwin | sakancanira | parêng umangsah ngukih ||
29. swaraning kang sanjata lir gunung rêbah | sagung wadya Matawis | sampun winangsitan [wi...]
--- [f. 15v] ---
[...nangsitan] | piyak ngèri anganan | gya Subrastha Gunturgêni | myang Kumbarawa | pamêcut Kumbarawi ||
30. sinulêdan munya swarane lir gêlap | orêg ingkang pratiwi | brastha kang katrajang | atusan ingkang pêjah | lir pindah babadan pacing | sri naranata | duka marang Kumpêni ||
31. hèh dèn aglis wong Kumpêni umangsaha | Amral sigra ngabani | mukul tambur agya | sinapan parêng munya | gumrudug lir ruging ardi | pangêdrèlira | tan agop wong Kumpêni ||
32. sinipat ing mariyêm wong Kartasura | kadya babadan pacing | malêdug kang gêsang | tan amangga puliha | apanggah bala Kumpêni | akathah pêjah | miwah bala pasisir ||
33. runtiking tyas sira Sang Prabu Mêngkurat | mangsah nindhihi dasih | Ki Bicak ingasta | tinabuh munya ngangkang | yayah anèng ing wiyati | sagung dipatya | kang ajrih wani maning ||
34. mangsah malih wadya pasisir kumêrab | dipatine ngawaki | myang măncanagara | samya angantêp ing prang | tan ana angucap ajrih | nêlaskên sura | dening nata nindhihi ||
35. wong Kalagan sadhiya prayêtnèng[31] baya | nêdya parêng ngêmasi | lawan gustinira | kêkathahan mêngsah |[32] katrajang ingarsa[33] gusis | tangkêp ing wuntat | manêmpuh kanan kèri ||
36. ramening prang kunarpa susun atumpang | kang urip wuru gêtih | wadya ing Kalagan | lir macan kalangênan | saparane dèn tadhahi | saya kèh
--- [f. 16r] ---
pêjah | wong Kaum akèh mati ||
37. sira Arya Măndhalika kinêmbulan | dening sagung dipati | sinosog ing watang | ganjur lan parampogan | sinawuran pasêr lêmbing | towok sêrampang | Măndhalika tan gingsir ||
38. yèn pasaha ing braja Ki Măndhalika | wus[34] awor lawan siti | kalangkung têguhnya | nanging sampun angrasa | yèn nora kêlar nadhahi | nulya alênggah | mêgêng nafas ngêmasi ||
39. nora busèt sarirane Măndhalika | kakehan braja mandi | amarêngi ajal | marga saking akathah | katur dhatêng sri bupati | lamun Ki Arya | Măndhalika ngêmasi ||
40. kagyat mirsa Natèng Ngalaga bramatya | arsa ngawaki jurit | wus nitih turangga | Kyai Plèrèd ingasta | ingêmbat-êmbat kumitir | mangsah ing rana | sawadyarsa pêpulih ||
41. ingkang rayi Pangeran Arya Panular | tansah anèng ing wuri | lan Pangran Pamênang | Rahadèn Natabrata | Ki Arya Surajayèki | lan Tambakbaya | ngapit ngarsaning gusti ||
42. kadi yêksa pangamuke wong Kalagan | gustine angawaki | gung para dipatya | Mêngkuratan umangsah | sikêping prang wus sumingkir | amung punggawa | bupati kang ajurit ||
43. sing katrajang mawut padha bubar-bubar | tanna wani manggahi | gung para punggawa | mulat Natèng Ngalaga | sakalangkung dènira jrih | samya lumalya | ngungsi wurining gusti ||
--- [f. 16v] ---
44. asru angandika Prabu Amêngkurat | padha piyaka aglis | si Amral kiwakna | pêrnahna buriningwang | adhimas kasêlêk prapti | Kyai Urawan | matur angasih-asih ||
45. susuhunan paduka salin rasukan | rayi paduka aji | bilih kakilapan | andhatêngakên sura | kawula gusti udani | rayi paduka | Ki Palèrèd pinusthi ||
46. rinacutan busana cara Wêlănda | tarêmpos mujah roki | rinacut sadaya | susuhunan angliga | saksana kang rayi prapti | Suhnan Ngalaga | angamuk marêpêki ||
47. kagèt mulat ing payung jênar pinasang | aglis mêkak turanggi | sarwi ngulap-ulap | waskitha ywan kang raka | manêmbah luhuring waji[35] | kêpu kinuswa | tangi ngingêr turanggi ||
48. cinamêthi kudane nandêr angêrap | sawadyanira ngiring | myang warga santana | sang nata lajêng jêngkar | saking kadhaton Matawis | sagêrwa putra | miwah kang para manis ||
5. Dhandhanggula
1. lolos angilèn nabrang Pêragi | rangu-rangu Susuhnan Ngalaga | ikang kacipta ing tyase | lampahe mandhêg mangu | warnaning kang raka tan lali | lir amora ing tingal | sang kapranan dulu | linging tyas paraning polah | yèn sebaa mring kakang mas ingsun isin | maring punggawaningwang ||
2. yèn awèta ingsun agung jurit | lan kakang mas sun mangsa mênanga | pan kari akèh balane | èmêng [è...]
--- [f. 17r] ---
[...mêng] tyasira prabu | nanging datan kandhêg lumaris | tan kawarna ing marga | ing Bagêlèn rawuh | masanggrahan parêmbagan | lan kang paman Pangran Pamênang myang ari | Pangran Arya Panular ||
3. ingkang wadya sakarining mati | kang prawira mêksih atut wuntat | saparanira gustine | angandika sang prabu | kayaparan ing polah iki | agya Pangran Pamênang | alon aturipun | yèn sambada lawan karsa | ing Salinga wontên wong umadêg baris | prakosa tur prawira ||
4. anggèr suwawi dika panggihi | pinundhuta karyane sapisan | lan ingêbang sapantêse | yèn angêntasi kewuh | naranata condhong ing galih | myang te wadya punggawa | sadhiya jumurung | Pangeran Pamênang turnya | ingayonan raka andika sang aji | inggih sapisan êngkas ||
5. nulya budhal sang sri narapati | saking Baglèn saha wadyakoswa | dhatêng Salinga karsane | kêrig sagêrwa sunu | nahan gantya ikang winarni | kang arsa madêg raja | sira Raja Namrud | ingkang mandhirèng Salinga | wong têngahan samya sumuyud sumiwi | Namrud rinaja-raja ||
6. Raja Namrud wus amyarsa warti | yèn Natèng Nglaga kasoran ing prang | badhe ngungsi ing dhèwèke | amêpêk barisipun | kang têngêran bul-umbul waring | andadi barisira | gêgamane Namrud | kalih èwu winêtara | wusamapta arsa mapag ing sang aji | budhal sawadyanira ||
--- [f. 17v] ---
7. nahan kawarna malih Sang Aji | Ingalaga prapta ing Salinga | Raja Namrud mapag age | lampahira kapêthuk | uluk salam acundhuk aglis | Namrud amêngkul sarywa | wacananira rum | adhuh putrane pun bapa | wong abagus cacade kalah ajurit | têka anyuda praya ||
8. angungsia mring pun bapa gusti | inggal wayahe wus mênang aprang | mung kari mangkruk-mangkruke | bari dodolan cênguk | gih pun bapa kang tulung jurit | ananggulang Wêlănda | atandhinga jitus | wong amănca indah pira | naranata ngaturan tumamèng panti | sampun tata alênggah ||
9. nahan gantia ikang kawarni | Prabu Mêngkurat kang mênang aprang | akêkuwu ing Palèrèd | antya ngungun ing kalbu | cuwa onêngira mring ari | wus amatah punggawa | ngusir kang lumayu | wadya samapta sanega | winawêling wau kang punggawa katri | wus dugi karsa nata ||
10. budhal ingkang kinarya têtindhih | sira Tumênggung Wirawidigda | ingkang minăngka kanthine | kêkalih Kya Tumênggung | Mangkuyuda Natayuda ri | sikêpira ngayuda | watara tri èwu | wong desa Tarub arahan | ing Parênggan tanah Baglèn dèn tuguri | dening Prabu Mêngkurat ||
11. sampun bubar saking ing Matawis | saha wadya praptèng Kartasura | miwah Amral sawadyane | sang nata angadhatun | nanging tansah busanèng jurit | osiking tyas mangkana | adhuh ariningsun |
--- [f. 18r] ---
Adipati Pugêr sira | tan kayaa lali têmên marang kami | yèn awèt mangkenea ||
12. pasthi awèt rusak tanah Jawi | lamun adhi êmas lawan ingwang | awèt padudon mêngkene | tan enak jênêng ingsun | ya ta wontên caraka prapti | kang abaris Parênggan | tur uningèng prabu | yèn Nata Ngalaga ilang | ing Salinga wontên wong umadêg baris | Namrud anama raja ||
13. ênêngakna Sri Narapati |[36] Kartasura kang tansah sungkawa | Salinga winarna manèh | Natèng Ngalaga nglalu | Raja Namrud ingkang nanggupi | ambêdhah Kartasura | ing samangsanipun | milane binapa-bapa | Raja Namrud tinariman èstri adi | santana naking-sanak ||
14. dupi ingajak magut ing jurit | Raja Namrud anăngga ing krama | datan ana wêkasane | kaku tyasira prabu | ingkang paman tansah ngaturi | pangeran ing Pamênang | sangêt aturipun | anak prabu dèn asabar | mangsa wande pênêd tinurut hrumiyin[37] | pun Namrud aprawira ||
15. Natèng Ngalaga puwas ing galih | nuli budhal saha wadyanira | mangetan dhatêng Bagêlèn | wadya angirup-irup | padêdesan atata baris | Ki Arya Tambakbaya | têtungguling kewuh | lawan Arya Surajaya | wong kêkalih senapatining ajurit | kalawan Suraguna ||
16. wong Bagêlèn saya kèh kang prapti | gêgunung desa samaptèng yuda | sampun andadi barise | gya budhal sang aprabu | lampahira prapta ing Nitik | nahan wong Kartasura [Kar...]
--- [f. 18v] ---
[...tasura] | têlikira rawuh | matur ing Wirawidigda | lamun wontên gêgaman agêng kang prapti | arsa nanggulang yuda ||
17. Susuhunan Ngalaga nindhihi | Wirawidigda bubar sakala | gêtêr sawadya kancane | wadya Bagêlèn anglud | saparane binuru wani | praptèng tanah Mataram | sinrêg sru binujung | Wirawidigda lumalya | praptèng Pokak kandhêg samya tata baris | sakancane prayêtna ||
18. kawarnaa kang praptèng Matawis | Natèng Ngalaga samadya căndra | wong Mataram tarub manèh | sang nata angadhatun | ingkang dadya tindhihing baris | Pangran Arya Panular | têtungguling wadu | lawan Radèn Natabrata | lagi prapta Pangran Pamênang pan maksih | kari anèng Salinga ||
19. arsa jinungjung[38] jumênêng aji | mring Ki Namrud Pangeran Pamênang | mila anut sakarsane | kawarnaa Sang Prabu | Natèng Nglaga budhal tumuli | saking praja Mataram | saha wadya umung | arsa nglanggar Kartasura | cucuking prang pan sampun lumampah dhingin | Ki Arya Tambakbaya ||
20. lawan Ki Arya Surajayèki | katêrajang kang baris ing Pokak | dhadhal asru palayune | wadya Kalagan anglud | palayune wong Kartawani | nèng Drêsanan sakêdhap | kuntal mring Dêlanggu | binanjêl malih lumalya | praptèng Sanggung lajêng umanjing nêgari | sakèh wong Kartasura ||
21. wong Kalagan tata dènnya baris | anèng Sanggung sampun angsal manah | wong padesan mirut kabèh | prapta samya sêsuguh | lajêng tumut apacak baris [bari...]
--- [f. 19r] ---
[...s] | angêpung Kartasura | tan ana kang mêtu | ya ta wau kawuwusa | Naradipa Mêngkurat miyos tinangkil | kang wira yodha akram ||
22. dipatyanung andhèr ing ngarsa ji | sira Amral anèng ngêngiringan | pra pêsiran nèng wurine | Radyan Nrangkusumèku | ingandikan maring ngarsa ji | prapta ngarsa manguswa | ngandika sang prabu | ngêndi barise adhimas | radèn patih umatur saha wotsari | dhuh ari padukendra ||
23. wontên Sanggung gènipun abaris | pangajênge mèh anggêpok praja | saba piji pacalange | nagri dalêm kinêpung | rayi dalêm baris ing ngarsi | Pangran Arya Panular | têtindhihing laku | sang nata ris angandika | undhangana ingsun arsa anindaki | ing yudane adhimas ||
24. sigra têngara radèn apatih | bêndhe bèri umyang asauran | tambur gumuruh swarane | samya sayagèng[39] pupuh | agêng alit sagung prajurit | myang Kumpêni sadhiya | sira sang aprabu | sampun samapta ing yuda | andhèr anèng ngarsa sakèhing prajurit | mundur sagung biyada ||
6. Durma
1. tinêtêgan budhal sakèhing gêgaman | lir robing kang jaladri | busananing wadya | tinon lir arga sêkar | barisira wong Kumpêni | alêlumbungan | ngarsa Makasar Bugis ||
2. pangawate pasisir kabèh mangiwa | têngên măncanêgari | wong ing Kartasura | rumêksèng wuri nata | ing dhadha bala Kumpêni | ing Jabung prapta | ayun-ayunan [ayun-a...]
--- [f. 19v] ---
[...yunan] jurit ||
3. sigra mangsah wadya prawira Kalagan | tadhah wong Kartawani | rame campuhing prang | apanggih padha sura | pangêdrèle wong Kumpêni | lir ruging arga | lir udan drêsing mimis ||
4. abendrongan gurnate lawan gurnada | mariyêm gutuk api | tiktak kalantaka | kadya gêlap sanambang | swaraning sanjata muni | awor lan surak | lir obah kang pratiwi ||
5. gya tumangkêb pasisir măncanêgara | saking kanan lan kèri | pan ingamuk bubar | marang wadya Kalagan | angungsi baris Kumpêni | Prabu Mêngkurat | duka arsa ngawaki ||
6. Kyai Bicak tinabuh muni angangkang | mangsah sagung prajurit | sêdya ngantêp ing prang | gêlar anyupit urang | ing dhadha wadya Kumpêni | sungut Makasar | bêbau wong pasisir ||
7. sakathahe pra nayaka Kartasura | ingkang dadya sêsupit | parêng anduk mangsah | rusak wadya Kalagan | akathah ingkang ngêmasi | mundur lon-lonan | rêmpêg dènnya lumaris ||
8. ingkang nandhang brana sadaya binêta | kasaput dening wêngi | Sang Sri Naranata | Amangkurat ngadhatyan | myang sawadyabala atri | miwah Wêlănda | sadaya mundur mulih ||
9. Natèng Nglaga ing Kuwêl pakuwonira | ya ta wau winarni | Prabu Kartasura | animbali Dipatya | Urawan tumamèng puri | prapta ing ngarsa | sang nata ngandika ris ||
10. lah sun duta Urawan sira ipuka [ipu...]
--- [f. 20r] ---
[...ka] | adhimas adipati | ing Pugêr kênaa | bêcik kalawan ingwang | poma ta dèn olèh kardi | sandika nêmbah | mêdal wus winawêling ||
11. Ki Urawan sapraptanira ing wisma | busananira salin | pan anglugas raga | tan angangge curiga | lampahe namur pangarit | datanpa rewang | ing kori pan wus prapti ||
12. pan gumêrah swaraning wong pabarisan | wayahe madya latri | Dipati Urawan | pitêkur pinggir jurang | arsa ambanjura watir | sun anti siyang | saya wuwuha watir ||
13. pasthi akèh wong Kalagan wruh maringwang | cinêkêl kandhêg jawi | wus kanyatan mêngsah | măngsa nganggoa priksa | sawêngi amêlak-mêlik | kewran ing driya | tatas raina injing ||
14. Kya Urawan marêpêki pabarisan | amomor ing pakathik | nuju kaparêngan | gamêl dalêm amêdal | tinanyan rika wong ngêndi | Kyai Urawan | tarampil anauri ||
15. ingsun iki gamêle Ki Tambakbaya | mêntas dipun gitiki | sun angungsi ngrika | yèn maksihèng jaba |[40] tan wande aglis kapanggih | satêmah ingwang | dipun gitiki maning ||
16. gamêl dalêm wêlas ing ati miyarsa | ing ujar amlasasih | anulya ingajak | dèn kon anggawa dhêdhak | manjing pasanggrahan aglis | nuju sang nata | têdhak mriksa turanggi ||
17. Ki Urawan kampita mulat ing nata | sigra [si...]
--- [f. 20v] ---
[...gra] amarêpêki | nèng ngarsa mangrêpa | nangis kadya wanita | sêsambat angasih-asih | dhuh gustiningwang | dasihe lir angipi ||
18. Natèng Nglaga kampita dènnya tumingal | tan pangling mring sumêndhi | abdine kang raka | nata ris angandika | bageya sira sumêndhi | karaning apa | arusak sun tingali ||
19. baya sira sumêndhi mêntas kadukan | marang kakang narpati | Dipati Urawan | matur sarwi karuna | taha kadukana gusti | ămba dinuta | angaturi prayogi ||
20. abdi dalêm suka dhumatêng ing pêjah | tan sagêd anglampahi | yèn anggèr awèta | wawan-wawan lan raka | paduka sri narapati | adudon karsa | mandah ucaping bumi ||
21. lawan malih punapa tan ngeman wadya | rusake tanah Jawi | sintên kang kelangan | ingkang kasêbut nistha | paduka lawan raka ji | ingkang sinêmbah- | sêmbah ing wong sa-Jawi ||
22. yêkti ingkang angemana jêng paduka | lan raka sri bupati | rusake ing Jawa | gusti lamun paduka | arsa jumênêng narpati | pênêd panggiha | lan raka paduka ji ||
23. sênggrak-sênggruk tangisira Ki Urawan | sambate amlasasih | yèn tan kadhahara | gusti atur kawula | lêhêng paduka pêjahi | tan sagêd mulat | anggung awawan jurit ||
24. angandika aris sang sri naranata | wis mênênga sumêndhi | sun turut turira [turi...]
--- [f. 21r] ---
[...ra] | iya sira muliha | aturêna sêmbah mami | maring kaka mas | lan galap gampil mami ||
25. Ki Urawan ature sangêt lênggana | yèn suwawi jêng gusti | ikang putusana | angaturana surat | ing raka paduka aji | dening kawula | benjing sarêng lan gusti ||
26. dados kandêl inggih ing lampah kawula | tan tinaha driya ji | Sang Nata Ngalaga | aris kang pangandika | hèh Kalêng dandana aglis | aturna surat | ingsun ing kaka aji ||
27. Dêmang Kalêng asaos wus tampi surat | lèngsèr lampahira glis | praptèng Kartasura | nata sêdhêng sineba | Dêmang Kalêng tumulya glis | tumamèngarsan-[41] | ira radèn apatih ||
28. agya katur ingkang surat ing sang nata | pinundhut tinupiksi | duta tinimbalan | prapta ngarsa ling nata | wong apa dutane ari | matur anêmbah | nênggih mantri pamijil ||
7. Mijil
1. dyan winaos sinuksmèng ing ati | atur sêmbahnya ngwong | rifta narpa Natèng Alagane | kaatura ing pada kakang ji | ingkang angranggoni | winarja winangun ||
2. ulun atur pati lawan urip | sumăngga rèh katong | saking sangêt kawula kasupèn | yèn adarbe panêmbahan yakti | gagênti rama ji | inggih kadang sêpuh ||
3. dununging sêmbah kang kaping kalih | sumăngga wak ingong | kinurêbêna ing abahane | tan sawala kawula nglampahi | pati lawan urip | sumangga rèh prabu ||
4. lir jinaityasira[42] sang aji | kantun dènnya maos | dadya ngandika
--- [f. 21v] ---
undhangana ge | patih para wêdananing mantri | sun arsa nindaki | amapag ing besuk ||
5. duta sampun ingangsulan tulis | lan sampun sinangon | Dêmang Kalêng lumèngsèr lampahe | tan kawarna ing marga gya prapti | ing Kuwêl tumuli | tumamèng ing ngayun ||
6. makidhupuh nêmbah atur tulis | wêwangsuling katong | gya tinampan binuka têmbunge | pèngêt bêbukaning surat aji | têkaa mring ari | salam donganingsun ||
7. wiyose yayi sira tur tulis | wus katur maringong | sun tupiksa têkèng ubayane | liwating suka rêna kang ati | lah praptaa yayi | ing Soma sun pêthuk ||
8. titi têlas saèsthining tulis | tusthèng tyas narpa nom | dening raka dahat prasêtyane | Ki Urawan tinimbalan prapti | ngarsa sinung paksi | ing surat sul-angsul ||
9. wadya sigra samya dèn undhangi | bongkok bêdhil waos | datan ana sawala karsane | tan kawarna laminira prapti | ing Soma sang aji | sawegarsa mêthuk ||
10. wus samapta sagunging bupati | gumêrah punang wong | prawara wus magêlaran andhèr | pratiwa mantri anata baris | miwah wong Kumpêni | gênggêng barisipun ||
11. nulya miyos sang sri narapati | gêgaman jro bodhol | asrang umyang tabah-tabahane | warna-warna gêgamanira sri | wus prapta ing Piji | gaman agêng laju ||
12. praptèng Sanggung kèndêl lampahnya ji | gumêrah punang wong | kandhêg anèng loring kali
--- [f. 22r] ---
bae | Prabu Mêngkurat akèn nimbali | ing ari nulya glis | lurah gandhèk laju ||
13. budhal saking Kuwêl sang nata ri | gêgaman binongkok | waos bêdhil lumampah ngarsane | pratandhane yènungkul[43] sayêkti | Urawan Dipati | kang dadya pangimur ||
14. tansah lumampah anèngarsa[44] ji | datan kênèng adoh | tan kawarna ing marga lampahe | pangarsane ing Sanggung wus prapti | Kodhokngorèk muni | barung Carabangsul ||
15. sampun prapta ing Sanggung nata ri | campuh sapandulon | Prabu Mêngkurat tumêdhak age | saking kudarsa mapag ing ari | Nata Ngalakèki[45] | têka rangu-rangu ||
16. dèning kang raka cara Wêlandi | busana sang katong | sakêdhap dadya salah tampine | kinêjepan wadya anatasi | ing gêgaman aglis | sadaya sinambut ||
17. sakêdhap pasang angrakit baris | gègèr ingkang êlor | angrakit baris waos bêdhile | Ki Urawan asru anayuti | amêngkul pada ji | asru tangisipun ||
18. Natèng Ngalaga nèng kidul kali | kang raka anèng lor | adangu wawas-winawas bae | tan asamar ywan ingkang raka ji | gya nabrang nata ri | Urawan nèng ngayun ||
19. parêk ingawe wau kang ari | agya sang narpa nom | cundhuk angrêpa nguswa padane | Prabu Mêngkurat onêng tan sipi | lama tan apanggih | jangga ri pinêngkul ||
20. miwah Pangran Panular sung bêkti | ngaras pada katong | naranata aris andikane | hèh patih sakèh punggawa mami | padha wèha bêkti | marang ariningsun ||
21. sawusira ngabêkti
--- [f. 22v] ---
dyan patih | punggawa kumrayok | atanapi pra santana kabèh | Amral atur tabe maring ngarsi | myang para upêsir | atur tabenipun ||
22. sinêngkalan dukala[46] apanggih | lan ari sang katong | jaladri lang rêtune jagate |[47] datatita wus budhal sang aji | lampahira asri | tan kawarnèng ênu ||
23. praptèng Kartasura sawadya tri | sang nata ngadhaton | ingkang rayi wus pinarnahake | padalêman pan sampun amanggih | sinungan lêlinggih | karya kalih èwu ||
24. enjing aseba sang anarpa ri | mêksih jênêng katong | kandhêg ing srimanganti sira ge | ingandikan manjing dalêm puri | wus prapta ngarsa ji | manêmbah umatur ||
25. ămba punika nênggih rumiyin | pan kinarya katong | asêsilih Prabu Nglagane |[48] mangke lamun taksiha nama ji | asaru kang nagri | dahat naru wuwus ||
26. angandika aris sri bupati | atarima ingong | tanah Jawa ya sira kang duwe | yèn rusaka kelangan pribadi | mêngko sira prapti | lintang bungah ingsun ||
27. apadene pra nayaka mantri | bungah sira rawoh | ingkang rayi manêmbah lumèngsèr | sapraptane pagêlaran panggih | lan radèn apatih | dhawuhakên wuwus ||
28. lah undhangna ing wadya gung alit | iya namaningong | Pangran Adipati Pugêr bae | pan wis mari sun kasêbut aji | awisma kadingding | tuduhe kang prabu ||
29. Radèn Natabrata dèn [dè...]
--- [f. 23r] ---
[...n] pêjahi | dosanira linyok | bisa agawe-gawe ature | milanipun atêmahan jurit | marganira saking | Dyan Natabratèku ||
30. datatita ri sampun alami | miyos sang akatong | asri akapang Magêrsarine | Priyantaka lawan Saragêni | Dwaja ngapit-apit | Nirbaya sumambung ||
31. Sangkragnyana sikêp pêdhang tamsir | sinisihan kang wong | Jagabaya sikêp pêdhang tamèng | wong pinilih asisih lan miji | Kanoman asisih | wong Patrayudèku ||
32. Brajanata lan Wirabrajèki | myang Wisamarta ngwong | sinisihan wong Kartiyasane | Tanuastra Udamênggalèki | wong nutra asisih | kalawan wong mandhung ||
33. Jagasura sisih Judhipati | Gandhèk Mantri Anom | munggèngarsa[49] katanggung sambunge | Maudara lan Patranalèki | wong Singanêgari | sisih Martalulut ||
34. kabayan angapit kanan kèri | kriya awor gêdhong | kapering wuri wetan prênahe | Suranata ajajar lan Carik | Gowong lan Undhagi | Margasa atêpung ||
35. para nayaka andhèr ing ngarsi | pra santana awor | wadana jro marapit prênahe | Pangeran Pugêr lan radèn patih | miwah kang para ri | nayaka sumambung ||
36. Pangran Panular Arya Matawis | Urawan akaron | Arya Sindurja Wiradigdane | Mangkuyuda lan Natayuda ri | myang para Kumpêni | Amral anèng ngayun ||
37. Hèlduwèlbèh majêng ngêmpit topi | matur ing sang katong | kawula
--- [f. 23v] ---
wus alami nèng kene | yèn sêmbada kawula mit mulih | yèn tuwan lilani | inggih besuk esuk ||
38. lama kawula wontên ing ngriki | gusti dados ingon | tanah Jawa pan sampun abêrsèh | sêsukêre sadaya wus ênting | kawula nilari | kang jaga pukulun ||
39. nênggih abdi paduka Kumpêni | kang rumêksèng katong | tigang atus gusti têtunggule | nênggih kapitanipun satunggil | alfèrès kêkalih | lutnanipun satu ||
40. angandika sang nata nglilani | ya muliha ingong | nora akêkirim amung tabe- | ning sun têkakêna maring kaki | jendral ing Batawi | dening opah ingsun ||
41. kang kalêbu ubayaning tulis | nêgara Carêbon | lawan desa Parayangan kabèh | têlas wawêlingira nêrpati | kondur malbèng puri | Amral dandan sampun ||
42. injing budhal Amral ingkang mulih | sarewange golong | amung kari siji kapitane | tigang atus Kumpêni kang kari | jaga rumêksèng ji | nèng Kartawinangun ||
43. wong pasisir padha parêng mulih | bang wetan myang kulon | kang winarna ing surat lakune | Amral prapta nêgarèng Sêmawis | tan mangkatumuli[50] | rêrêb tigang dalu ||
44. mila kongsi kèndêl tigang latri | analika ênggon | jinalajah Sêmarang wêngkone | apan arsa akaryaa loji | badhe panggonaning | Kumpêni ing besuk ||
45. anaosi Kumpêni yèn gilir | kang
--- [f. 24r] ---
jaga ing katong | kang prayoga Sêmarang ênggone | ri sampunira angsala madik | budhal tan asari | Sêmarang kapungkur ||
8. Pangkur
1. sapraptanirèng muara | numpak palwa sagung wadya Kumpêni | myang Ambon Bugis lan Bangsul | samya numpak sadaya | babar layar tan kawarna solahipun | nahan natèng Kartasura | ing dina Soma tinangkil ||
2. pêpêk wadya Kartasura | tăndhamantri rangga dêmang ngabèi | rănggarya para nung-anung | Adipati Urawan | myang Sindurja Wirawidigda nèng ngayun | Mangkuyuda Natayuda | lènte santana sang aji ||
3. Rahadèn Anrangkusuma | matur nêmbah angaturi udani | wontên wong umadêg ratu | padhêkahan Salinga | aprakosa ajêjuluk Raja Namrud | sumangga karsa narendra | manawi têmahan dadi ||
4. pun tumênggung ing Toyamas | atur wikan lintang agêng kang baris | watawis gaman rongèwu | tanah kilèn Toyamas | sapangalèr sadaya sampun sumuyud | nata ling Si Mangkuyuda | lan Natayuda sun tuding ||
5. karo parêng ingandikan | prapta ngarsa angandika sang aji | hèh sira karo sun utus | ngluruga mring Salinga | ana raja ajêjuluk Raja Namrud | tumpêsên sanak-putunya | mangkata sadina iki ||
6. kalih parêng apranata | lajêng mangkat sawadyakuswa atri | sang nata anulya kundur | kawarna kang lumampah | Mangkuyuda lan Natayuda andarung | ing Kêdhu wus kamarganan |
--- [f. 24v] ---
sadaya samya kinêrig ||
7. kumpul barisira budhal | tan kawarna Toyamas kang dèn jogi | wong Panjêr Rema akumpul | Pamardèn lan wong Ayah | Banjarpasir sumahab kinarya cucuk- | ing prang wus praptèng Salinga | kinêmpung wakul tinapis ||
8. wong Salinga wus uninga | kagegeran padha lumayu ngungsi | samya matur ngratunipun | sigra ngundhangi wadya | wus angumpul watara gaman rongèwu | samapta gêgamaning prang | masang umbul-umbul waring ||
9. pamukira wusamapta[51] | ngagêm kudhi tarantang lawan êcis | ing jaba surak gumuruh | Raja Namrud sanega | kang pinundhi Pangran Pamênang jinungjung | nata pan rinaja-raja | Namrud ingkang angrosani ||
10. aparentah maring wadya | kèn anamakêna pangawasèki | mangsa kongsia anêmpuh | lan aja sira samar | duwe guru pêpundhèn mring jênêng ingsun | Raja Namrud mundhut mêrang | satêkêm sinêbar aglis ||
11. sakala dadi gêgaman | pangrasane kang wadya aningali | gêgaman gênggêng ing ngayun | Mangkuyuda tan samar | ingkang gênggêng sulapira Raja Namrud | manahe saya sudira | sigra angabani baris ||
12. têngara muni sauran | wong ing Panjêr Rema Mardèn anunggil | Ngayah Banyumas akumpul | parêng mangsah ing rana | sinusupan kukuse sundawanipun | dening bala ing Salinga | pangamuke golong pipis ||
13. wong Banyumas akèh pêjah | wong ing Panjêr akèh [a...]
--- [f. 25r] ---
[...kèh] mati dèning cis | wanèh sêmpal baunipun | kasabêt ing tarantang | ana dhungkah lambunge kasabêt sangut | kang gêsang giris tumingal | mawur samya rêbut urip ||
14. lir singa lodra mamăngsa | wong Salinga pangamuke angukih | wong Banjar Mardèn kalulun | sigra Ki Mangkuyuda | Natayuda sawadya mangsah têtulung | manêmpuh ngantêp ing yuda | wong Salinga anadhahi ||
15. kinarutug ing sanjata | sinawuran ing towok lawan lêmbing | wong Salinga parêngamuk | wong Kêdhu akèh prapta | ngantêp ing prang wadya ing Salinga gêmpur | ing rana kawratan mêngsah | kang gêsang lumalya ngungsi ||
16. ana rêbut yayah rena | Raja Namrud rinêbut ing prajurit | sinosog ing watang ganjur | sinabêt ing kumbala | nora pasah bêbalunge rêmak rêmpu | ginêbugan kalantaka | Raja Namrud angêmasi ||
17. tinumpês sabrayanira | wong Salinga siji tan ana kari | kawarnaa sang abagus | sira Pangran Pamênang | pan malalyya angungsi ing wana samun | wong Kêdhu tan ana wikan | musnanira sang apêkik ||
18. sawusira anjêjarah | Ki Tumênggung Mangkuyuda myang ari | wus mundur sawadyanipun | tan kawarna ing marga | praptèng Kêdhu amung asipêng sadalu | injing budhal tan kawarna | prapta katur ing sang aji ||
19. sasolahira ngayuda | sakathahe busananing ajurit | jarahan sadaya [sa...]
--- [f. 25v] ---
[...daya] katur | miwah sakèhing tawan | kang jinarah sarayate Raja Namrud | Mangkuyuda Natayuda | ginanjar lir gulamilir ||
9. Dhandhanggula
1. nahan ingkang kawarna ing tulis | Kapitan Êmur ing Batawiyah | adarbe têtukon rare | pan umur pitung taun | duk tinumbas saking ing Bali | apêkik warnanira | Kapitan Mur iku | salaminira atumbas | maring rare kapitan untunge prapti | adagang myang lungguhnya ||
2. munggah mayor nuli komasaris | tan alama munggah idlèr rolas | adagang akèh untunge | dadya sugih kalangkung | angluwihi sasami-sami | idêlèr wus rumasa | ing jro manahipun | yèn rare marganing bêgja | wus ingangkat anak sinungan kêkasi[52] | Si Untung wastanira ||
3. sakarsane idlèr anuruti | liwat ingugung sapolahira | alawas sakèh umure | mêpêg birainipun | warnanira saya apêkik | Idlèr Mur darbe anak | èstri nyonyah ayu | umur gangsal wêlas warsa | lan Ki Untung kinadangakên sayêkti | siyang dalu tan pisah ||
4. nanging nyonyah rêmêne kapati | mring Ki Untung ing alama-lama | wantu padha biraine | dadya alambangsantun | pawèwèhe lir toya mili | barang kang jinaluka | nyonyah ikang asung | nanging Ki Untung tan arsa | simpên dunya
--- [f. 26r] ---
pan ora anêdya sugih | kinarya kapênêdan ||
5. iya padha budhaking Kumpêni | pinasanak agung winewehan | apa sukane atine | dunyane Idlèr Êmur | ingulêran ing siyang latri | nanging datan kinarya | kasugihanipun | winutahakên ing kathah | pra sanake sadaya dipun warêgi | lumintu sabên dina ||
6. budhak Kumpêni akèh wong Bali | miwah Bugis ikang pinasanak | mring Ki Untung dahat sihe | watara wolung puluh | pra sanake kang dèn bêciki | wus katrêsnan sadaya | tunggal lamun muwus | apa kang sun walêsêna | mring Ki Untung manawa amanggih kardi | sun walês ing pralaya ||
7. lawas-lawas dadya angawruhi | Idlèr Êmur dunyane kèh ilang | myarsa kalamun anake | akirda lan Ki Untung | dunya akèh kang dèn ulêri | maring anake nyonyah | kalintang ingugung | kacihna gyanira kirda | duk cinêkêl Ki Untung dèn jêmalani | rinangkèt madya pêjah ||
8. nanging[53] datan sawala ing kapti | asambat mintak ampun kewala | Idlèr Mur angrês atine | prapta apuranipun | lawas-lawas pan ora mari | karone wus katrêsnan | nyonyah lan Ki Untung | sêmana wikan piyambak | Idlèr Êmur dènnya kirda pukul kalih | nèng gêdhong pajungutan ||
9. idlèr lintang gusar trêsnya ting |[54] glis cinêkêl Ki Untung sêmana | tinaruk bêlokan gêdhe | nyonyahira sinapu | madya pêjah Untung winarni | kang anèng pabêlokan | kathah rewangipun | watara ana sawidak [sawi...]
--- [f. 26v] ---
[...dak] | punjul dhuwa ya ta ing alami-lami | Ki Untung aris mojar ||
10. sarwi gumuyu dènira angling | maring sakèh kang anèng bêlokan | sanak-sanak ingsun kabèh | lah paran karêpipun | nora nana kang duwe budi | rèhning padha lêlaran | rewangya sumaur | Untung wus sira mênênga | kamangkara wong anèng bêlokan wêsi | ginêdhong tinutupan ||
11. tur kinunci jinagèng Kumpêni | kayaparan gone bisa polah | Ki Untung aris ujare | manawa na pitulung- | ing Pangeran asih ing dasih | yêkti kuwating titah | idining Hyang Agung | rewange tuwa angucap | sira iki Untung kaliwat kumaki | sun iki kang wus tuwa ||
12. nèng bêlokan wus samadya sasi | nora mangan ngèsthi kasantikan | lêlamporan wêlut putèh | tan măntra bisa ucul | sira bocah pêksa kumaki | muga Bathara Krêsna | tiwikrama tuhu | ring ajur-ajèr tan kewran | sira bocah pangucapmu pêksa luwih | mulane nèng bêlokan ||
13. sira Untung mèsêm dènira ngling | ingsun ora rêmbugan lan sira | apikiran lan wong akèh | lah iya sasukamu | kudu dhêmên awèta sakit | liyane têkèng rika | kang sun ajak rêmbug | kabèh sanak-sanak ingwang | yèn anaa ingkang bisa anguculi | lah apa karêpira ||
14. kang wong akèh padha anauri | yèn ucula marga saking sira | iya sanakira kabèh | apa rèhira anut | nadyan prapta ing lara pati | alah mati bêlokan [bêloka...]
--- [f. 27r] ---
[...n] | Ki Untung gumuyu | sarwi ngunus sikilira | pan wis ucul saking pabêlokan wêsi | cingak sakèhing mulat ||
15. têtarungkon wong sawidak kalih | inguculan wus ucul sadaya | amung wong siji kang maksèh | kang anyampahi wau | mêksih nora dipun uculi | sakèhe kang wus luwar | mojar ing Ki Untung | lah ta paran karsanira | dening ingsun wus ucul margèng sirèki | mêngko apa rèhira ||
16. sira Untung anauri aris | karêp ingsun angamuk Wêlănda | paran karêpira kabèh | wong akèh padha muwus | nadyan silih gêpuka loji | kabèh nora suminggah | ing rèhira Untung | nanging wèhana gêgaman | lan maninge golèkna sêsarap dhingin | dimène padha kuwat ||
17. Untung anauri wacana ris | yèn mangkono lah padha karia | sun lunga sadhela bae | risaksana Ki Untung | lawang gêdhong dinêdêl wani | kuncinira malêsat | Ki Untung wus mêtu | cinatur kala sêmana | ngandhut patrêm tapak gêngira sanyari | sapraptanirèng jaba ||
18. kang ajaga pinatrêm wus mati | gumaledhag niba kapisanan | kunci wus pinasang manèh | agya mintar Ki Untung | prasanake dipun ulari | tan asuwe sêmana | kêkalih katêmu | gupuh padha rêrangkulan | prasanake karo muwus awor tangis | paran ing polahira ||
19. salawase sira nandhang sakit | ingsun arsa têtilik tan bisa | mêngko katêmu ing kene | mayo mulih dèn gupuh | maring wisma Untung
--- [f. 27v] ---
umiring | prapta ing wismanira | wong sanake gupuh | kabèh padha pinajaran | yèn Ki Untung prapta tur amanggih kardi | sadaya age mara ||
20. parêng mulat angrangkul anangis | gumarumung Ki Untung lingira | sanak-sanak ingsun kabèh | aja na milu mring sun | sanakira sadaya angling | yèn ana karsanira | kang mawa pakewuh | nadyan praptaa ngantaka | sanakira kabèh padha anglabuhi | amalês ing sihira ||
21. Untung angling sun tarima kang sih | prasêtyane sanak-sanak ingwang | sun jaluk gêgaman bae | lan sêga ikang agung | lawan kinang dipun agêlis | lawan sira atêrna | ingsun nuli bangsul | wong sanakira agêpah | anggawani kêris pêdhang lamêng cundrik | suduk lawan talêmpak ||
22. binakta maring sanakira glis | mangkat asigra-sigra lakunya | wong têlu kang ngatêrake | siji anggawa sêkul | kang amikul gaman wong kalih | sêmana wayahira | lagi pukul wolu | duki[55] Untung wêdalira | pukul pitu lampahira aglis prapti | ing gêdhong pabêlokan ||
23. amarêngi ingkang jaga prapti | arsa gilir Kumpêni satunggal | dèn atêrakên koprale | risaksana Ki Untung | narik patrêmira tumuli | Walandi tinarajang | pêjah kopralipun | arsa mêdhang tinarajang | wus pralaya gêdhong binuka tumuli | wongira padha mêdal ||
24. inggar sadaya kinèn abukti | kumêroyok wong sawidak dhuwa | wusnya mangan nginang kabèh |
--- [f. 28r] ---
gêgamanira dinum | ana ikang amilih cundrik | wanèh amilih pêdhang | kêris berang suduk | ana amilih talêmpak | sampun jangkêp gêgamanira nyukupi | tinata barisira ||
25. ya ta ana wong tuwa sawiji | anggarit lêmah asru lingira | hèh ta Untung ingsun mangke | lamun Wêlănda rawuh | yèn lungaa têka gêgarit | gèn ingsun mapag ing prang | nêdya amalayu | dudu anaking manusa | anak ajing[56] sapa kang tinggal gêgarit | baik bunuh priyăngga ||
26. lutnanira dangu dènnya nganti | maring kang gilir jaga bêlokan | wus adangu antarane | koprale nora muncul | atanapi kang dèn giliri | jinujul i[57] sareyan | kagyat praptanipun | mulat baris jaban gudhang | gêdhong mênga kang jaga têtiga mati | sareyan gya lumajar ||
27. bilang maring lutnanira aglis | bilang maring Rat Fêni Indiya[58] | gupuh amukul tambure | Kumpêni aglis kumpul | sabragada lumampah dhingin | mring gudhang pabêlokan | lajêng baris kêpung | Ki Untung sampun ayêtna | angabani rewangira nêmpuh wani | ngamuk parêng asurak ||
28. binêrondong ing bêdhil tan gingsir | wong sawidak kalih ngamuk rampak | Kumpêni akathah longe | akuwêl dènnya tarung | mati bêdhil norana muni | caruk kêris lan pêdhang | tandange Ki Untung | lir yêksa sarewangira | ambêk pati Kumpêni dèn oyok wani | tumpês kang sabragada ||
29. nanging wuri saya kèh
--- [f. 28v] ---
kang prapti | pangêdrèlira lir gunung rêbah | Ki Untung rusak rewange | saparo ikang kantun | ngamuk awor lawan Kumpêni | akathah ingkang pêjah | buri akèh rawuh | Ki Untung rewangya têlas | kaurugan ing mimis kadya dèn soki | tumpês kari priyăngga ||
30. Untung rinêbut i ngarsa buri | kang kacandhak pinatrêm palastra | samya jrih kinandhang bae | saking loji wus mêtu | saparane dipun petari | mring bètèng ngalang-alang | nyalimpêt Ki Untung | Kumpêni padha kelangan | wus ingosak-asik tan ana kapanggih | Kumpêni padha bubar ||
31. wus misuwur sanagri Batawi | yèn Untung ucul saking bêlokan | angamuk kabèh rewange | wong sapratungkon[59] ucul | ngamuk brastha awor Kumpêni | tintrim wong sanêgara | nahan kang winuwus | Ki Untung dènnya singidan | anèng bètèng alang-alang tigang latri | tan ana kang uninga ||
32. mêdal maring nêgara ngulari | wong sanake amomor lampahnya | manjing praja sapraptane | sanake kèh katêmu | sira Untung dipun tangisi | wong sanake sadaya | rêmbug arsa milu | mring Untung sabaya pêjah | pamuwuse Untung sun arsa naur sih- | ira manusa kathah ||
33. wong têtiga ingkang milu dhingin | dalu angkate saking nagara | anggawa sagêgamane | bèntèng lang-alang rawuh | nuli karya gèn amirangti | ing sabên dina prapta | wong roro tatêlu | papat tanapi
--- [f. 29r] ---
lêlima | lawas-lawas tutur-tinuturan sami | sakèhe rewangira ||
34. kang satêngah padha ngait-ait | amrih rewang Wêlănda sêmana | akèh kang minggat budhake | miwah têtukonipun | sira Untung kawarna malih | nèng bètèng alang-alang | ngalumpuk wong satus | samapta gêgamanira | kacarita bètèng alang-alang dhingin | kalane maksih wana ||
35. asakeca gyanira mirangti | Untung anèng bètèng alang-alang | lawan wong satus rewange | kangambil[60] panganipun | mung Ki Untung kang wira-wiri | malêbu maring praja | lakune anyamur | ngwong akèh tan ana wikan | cinarita patrême sarwi dèn tarik | kawor suruh candhikan ||
36. yèn kapapag Wêlănda nèng margi | siji loro kinêbyok ing sêdhah | cêcandhikan pirangtine | sabên ana kapêthuk | ing Wêlandi kinêbyok mati | yèn wayah wising asar | tintrim ing marga gung | sabên dina pan mangkana | lawas-lawas kauningan ing Kumpêni | Ki Untung solahira ||
37. nulya pinarantèn ing Kumpêni | wayah satêngahe pukul lima | binarisan ing margane | mirangti tan kadulu | pinakanan Wêlănda siji | Ki Untung duk sêmana | anujoni langkung | mulih saking jroning praja | mulat ana Walanda siji nèng margi | aglis sinabêt sêdhah ||
38. kapisanan kang baris udani | aglis mêdal Ki Untung lumalya | binarondong bêdhil akèh | cinêgat ing ngarsèku |
--- [f. 29v] ---
Untung mingêr cinêgat malih | narajang saking kiwa | kang kinêbyok lampus | anêmpuh bari lumajar | wong Wêlănda kalih wêlas ingkang mati | kopral mati satunggal ||
39. gumarudug Kumpêni bêdhili | mring Ki Untung sarya sinurakan | dèn bêbujung saparane | bètèng lang-alang rawuh | rewangira Ki Untung myarsi | bêndhil[61] awor lan surak | saksana andulu | Wêlănda kathah kang prapta | ambêbujung mring Untung sarya bêdhili | wong satus parêng mêdal ||
40. ngamuk rampak nêmpuh parêng ngukih | tandangira kadya saradula | Kumpêni akathah longe | ingoyok ing wong satus | nora kobêr ngisèni bêdhil | tumpês kang pitung dasa | mung kari têtêlu | lumayu maring nêgara | sapraptane bilang mring para Rat Fêni | katur durnadur jendral ||
41. yèn Wêlănda akèh ingkang mati | Untung abaris bètèng lang-alang | angamuk akèh rewange | tan kawarna ing dalu | injing baris sagung Kumpêni | Ambon Bugis Mêkasar | Sambawa Malayu | Bali barise tinata | ambêlabar Amral ingkang anindhihi | lawan mayor sakawan ||
42. tambur gumuruh suling lan bèri | nuli budhal sagunging gêgaman | praptèng alang-alang bètèng | kawarnaa Ki Untung | amiyarsa Kumpêni prapti | atari ngrewangira | kabèh ngajak ngamuk | tan ana ingkang salaya | sarewange ajangji parêng ngêmasi | tan anolèh ing wuntat ||
10. Pangkur
1. Kumpêni
--- [f. 30r] ---
awas umulat | yèn Ki untung mêdal anata baris | Amral angabani gupuh | Kumpêni sigra mangsah | angêdrèli swarane lir wrawata[62] rug | pêtêng kukusing sundawa | Ki Untung sigra ngabani ||
2. ing rewange sarêng mangsah | ngamuk rampak nusup kukusing bêdhil | baris Makasar anglambung | Untung sarewangira | ngamuk nêngah kang katrajang panggah rêmpu | wong satus lir singa lodra | pangamuke ngoyok wani ||
3. ngiwad-ngiwud ambêk pêjah | mwong[63] Makasar tumpês arang kang urip | Bugis Sambawa têtulung | tinêmpuh têtumpêsan | nanging buri Wêlănda saya kèh rawuh | Ki Untung sarewangira | pangamuke wuru gêtih ||
4. mimis tibane lir udan | ing paprangan Untung wignya ing jurit | prawira sura atêguh | nanging sangêt karoban | awasana rewange akathah tatu | Kumpêni akathah pêjah | wangke wor susun atindhih ||
5. sadina gènira aprang | rewangira Ki Untung akèh mati | sawidak lawan kang tatu | mung kari kawan dasa | sapih sayah kang aprang kasaput dalu | Kumpêni mundur sadaya | mulih maring jro nagari ||
6. Ki Untung kang kawarnaa | saundure pagunêman ing latri | ana ingkang rada sêpuh | Ki Êbun wastanira | aris mojar kabèh sanak-sanak ingsun | kayaparan budinira | rewange kabèh nauri ||
7. ingsun tan duwe rêmbag |[64] saparane Ki Untung sun tut wuri | mati urip aja kantun | Ki Êbun aris mojar | mring Ki Untung
--- [f. 30v] ---
lamun rêmbug pikir ingsun | yèn manggunga papêrangan | pira kuwating wong kêdhik ||
8. amungsuh wong sanêgara | yèn arêmbug lah nêdha padha ngungsi | Ki Untung aris sumaur | apa sakarsanira | lah ing ngêndi kang yoga dèn ungsi besuk | Ki Êbun aris lingira | ing Carêbon kang prayogi ||
9. Sultan Carêbon manawa | ingusenan[65] kawawa angukuhi | Ki Untung kalangkung rêmbug | dalu gènira budhal | ngidul ngetan arahe anjog Cianjur | wong kawan dasa tan pisah | nahan gantia winarni ||
10. Kumpêni saundurira | dènira prang dalu angati-ati | sangkêp ingkang baris tugur | sajroning pintu bêsar | mriyêm tiktak pinasang madhêp ing pintu | ing dalu datan kawarna | ya ta kawarnaa enjing ||
11. tambur gumuruh sauran | pan kinêrig sagung wong sa-Batawi | budhal ing marga sêk pênuh | wadya awarna-warna | praptèng bètèng alang-alang manggih suwung | Amral amatah kapitan | ikang kinèn anututi ||
12. lan wadya Kumpêni Islam | pra kapitan pêpitu kang tinuding | agya budhal lampahipun | gawa bala sanambang | Mayor Bantêr Kumpêni têtindhihipun | ngidul ngetan nut salasah | samarga angati-ati ||
13. ganti ikang kawarnaa | sira Untung sarewange lumaris | sapraptanira Cianjur | lajêng angalor ngetan | ing Carêbon ingkang sinêdya jinujug | tan winarna lampahira | Sultan Carêbon [Carêbo...]
--- [f. 31r] ---
[...n] winarni ||
14. darbe abdi kinasihan | wastanira Rahadèn Surapati | sultan sihira kalangkung | tansah ingêla-êla | ingapura anêrak larangan agung | mangkana Ki Surapatya | bêburu maring wanadri ||
15. bêkta wadya kajinêman | satus kèhe sikêp pêdhang lan tamsir | waos lêmbing lawan tulup | lumampah anèngarsa[66] | lampahira ing wanadri agya rawuh | arèrèn pinggiring marga | kang liwat prasamya ajrih ||
16. wadyane nèng kèri kanan | kawarnaa Ki Untung ikang prapti | Carêbon talatahipun | lumampah anèng wana | tan kêna sah lan rewange patang puluh | kawarnaa Surapatya | mulat ing wong ting kulicir ||
17. kang dèn iring rare pelag | Surapati asru mojar ing dasih | lah andhêgên kang lumaku | ingsun arsa têtanya | kang dèn iring undangên mring ngarsaningsun | kang kinèn agya lumampah | angundang ingkang lumaris ||
18. hèh bagus dika ngandikan | maring Radèn Surapatyarsa panggih | Ki Untung sigra lumaku | prapta ing ngarsanira | Surapati sarewangira Ki Untung | nèng wuri sami alênggah | Ki Surapati ling aris ||
19. ki adhi basa manira | sira iki iya wong têka ngêndi | paran kang arsa jinujug | lan sapa kang sinambat | alon matur wasta kawula pun Untung | têtiyang saking Jakêrta | nênggih budhaking Kumpêni ||
20. ing kesah kawula minggat [ming...]
--- [f. 31v] ---
[...gat] | siniyasat kawula ing Kumpêni | angungsi panêdyaningsun | dhatêng gusti jêng sultan | bokmanawa jêng sultan sagêda ngukup | ing wong mindha kawlasarsa | kawula sêdya angabdi ||
21. Surapati linging driya | rare iki sun watara ing ati | kaya wijiling wong agung | dudu trahing wong rucah | pan katara ing solah pasanging sêmu | yèn katura ing jêng sultan | amasthi dipun kasihi ||
22. dhasar gustiningsun sultan | karêmêne wong pêkik kang alungid | kang prawira rahaywèku | miwah kang kaduk sura | yèn katura ing sultan amathi[67] ingsun | kalungsur lêlungguh ingwang | dadya Surapati angling ||
23. hèh adhi peling manira | ing Carêbon iki nêgari alit | nanging angkêre kalangkung | yèn sira manjing praja | lah tinggalên tumbak kalawan kêrismu | tanapi sarewangira | aja na anganggo kêris ||
24. yèn ta nora mangkanaa | nora bisa sira manjing nêgari | lah mara kabèh baturmu | padha badhugulana | gêgamanmu kabèh aturna maringsun | manira ikang ngirida | lèhira manjing nêgari ||
25. Ki Untung aris lingira | mring bature kabèh asraha kêris | tumbak miwah pêdhang suduk | ingaturakên sultan | ja kawatir nadyan pêjah gêsang ingsun | pinundhuta maring sultan | kang yogya ingsun gendholi ||
26. saksana asrah sadaya | gêgamane mring Radèn Surapati | katampan ing rewangipun | Surapati lingira | kari sira kang durung apasrah dhuwung | iya kabèh
--- [f. 32r] ---
rewangira | uwis padha asrah kêris ||
27. Ki Untung aris turira | mung kawula anggèr dika alimi | parandene rewang ingsun | kabèh wus badhugulan | mung kawula punika andika tanggung | măngsa nêdyaa punapa | kawula wong ngungsi urip ||
28. Surapati lingya sugal | apa têmên ing ujarmu ta mangkin | măngsa nêmua rahayu | yèn ora srah curiga | awèh ora awèha iya sun pundhut | sira iki basakêna | mêndhak kalingan kaaksi ||
29. apa nganti sun plêksana | ingsun gawa bêbandan maring nagri | sapamyarsanya Ki Untung | ngadêg suraning nala | saur sêndhu iya nora awèh ingsun | lamun silih durung pêcat | nyawa têkèng raga mami ||
30. angèl asraha curiga | Surapati sigra dènnya ngêjèpi | ing wadya parêng anubruk | Ki Untung gya lumumpat | sarwi angling hèh dèn inggal batur ingsun | kabèh padha malayua | ingsun dhewe kang nanggoni ||
31. Untung rinêbut ing kathah | ana numbak ana mêdhang anamsir | Ki Untung langkung atêguh | Surapati bramatya | ngangsahakên wadya tangdange[68] anggêrgut | sarêng samya ngêmbat watang | Ki Untung datan gumingsir ||
32. Surapati asru mojar | lah ta mara batur sosogên wani | urugana watang ganjur | wong siji găndra pira | sawurana ing pasêr towok lan bungsur | Ki Untung ngamuk anêngah | kang kaparag angêmasi ||
33. wonge Radèn Surapatya | kagawokan giris dènnya ningali | maring tandange Ki Untung | tinumbak nora kêna |
--- [f. 32v] ---
wong Carêbon akathah longe kang lampus | kang gêsang mawut lumalya | tan ana kang măngga pulih ||
34. Ki Surapati lumalya | sêdyanira awêwadul ing gusti | ingkang kawarna Ki Untung | rewange ikang bubar | nulya prapta sadaya sami angrubung | angungun ing polahira | Ki Untung dipun tangisi ||
35. sakathahe rewangira | padha angling paran rêmbugirèki | dawêg animpang dalanggung | manawa binalenan | mring kang begal Ki Untung alon amuwus | lah iku kang ora-ora | sêdya bêcik nêmu bêcik ||
36. ingsun wong nêdya raharja | saparane yêkti nêmu basuki | gya laju sarewangipun | anut malêbèng praja | kawarnaa Surapati kang lumayu | sapraptanira jro praja | lajêng tumamèng ing puri ||
37. jêng sultan lagya pinarak | Surapati munggèngarsa tur bêkti | kawula anuwun bêndu | angunjukakên tiwas | abdi dalêm gusti akathah kang lampus | binegal anèng ing wana | dening ingkang mêndhêt kardi ||
38. têtiyang saking Jakrêta | maksih rare warnanipun apêkik | pun Untung kêkasihipun | kêdah manjing ing praja | anut wingking kawula kadya mèh rawuh | sultan aris angandika | gandhèk konên animbali ||
39. sawusira kadhawuhan | wong anggandhèk mintar wus winawêling | Ki Untung nulya kapêthuk | jabaning galedhegan | caraka ngling hèh sira kang aran Untung | aglis ngandikan ing sultan | sun irid maring jro puri ||
40. Ki Untung matur
--- [f. 33r] ---
sandika | gya lumampah kabèh kari ing jawi | amung Ki Untung kang mangsuk | sapraptanira ngarsa | atur sêmbah sultan angandika arum | mulane sira sun undang | Untung maring ngarsa mami ||
41. sun atakon maring sira | awêcaa sira ingkang sayêkti | têkamu nêgaraningsun | paran kang sira sêdya | awêkcaa Ki Untung mangrêpa matur | manêmbangh[69] sêdya kawula | pukulun angungsi urip ||
42. sultan aris angandika | maring Untung ingsun atekon maning | wong pira kabèh baturmu | Ki Untung matur nêmbah | inggih amung kawan dasa kathahipun | sultan angripta ing driya | ngandika mring Surapati ||
43. sultan mangkana lingira | iya uga alane Surapati | dora ature maringsun | tanna wong kawan dasa | wani amèt gawe ambegal wong satus | dening ingsun êla-êla | satêmah anênukêri ||
44. asru dukanira sultan | hèh wong gandhèk aglis gawanên mijil | ya Si Surapati iku | srahna wong kajinêman | wong anggandhèk tangginas dènira nubruk | Ki Surapati binêsta | saksana ginawa mijil ||
45. kasrah ing wong kajinêman | Surapati pan sampun dèn suduki | satêngahing alun-alun | Surapati wus pêjah | katur maring jêng sultan yèn sampun lampus | sirna dêdukane sultan | mring Untung angandika ris ||
46. hèh Untung ingsun wis wikan | marang sêdyanira angungsi [angung...]
--- [f. 33v] ---
[...si] urip | arsa angungsi maringsun | iya luwih prayogya | nanging ingsun ing mêngko tan duwe sanggup | angukuhana mring sira | ing Carêbon iki cilik ||
47. sira banjura mangetan | angungsia maring Raja Matawis | dening iku ratu agung | angrèh ing rat sa-Jawa | nadyan ingsun karèh ing Raja Matarum | tan kawawa ngukuhana | anging sira sun idèni ||
48. lan sira sun wèhi aran | jêjuluka Rahadèn Surapati | pinasthi dening Hyang Agung | dadi satruning kofar | wus takdirmu Ki Untung manêmbah nuhun | mangrêpa mangaras pada | lumèngsèr aglis umijil ||
49. sapraptanira ing jaba | rewangira kabèh dipun tuturi | sanak-sanak sun atutur | timbalane jêng sultan | nora kêlar angukuhana maringsun | ingsun kinèn angungsia | maring Sang Raja Matawis ||
50. sultan apan tan kawawa | angukuhi lawan sarewang mami | nanging dongane jumurung | sapolah-polah ingwang | lan maninge ingsun sinungan jêjuluk | pêparingipun jêng sultan | aran Radèn Surapati ||
51. sadaya suka ing driya | dening asal idining ratu mukmin | Radèn Surapati muwus | lawan ingsun pinêca | maring sultal[70] ing satêdhak-têdhak ingsun | pinasthi karsaning Suksma | dadi satruning Kumpêni ||
52. Bapa Bun sira kang tuwa | aprayoga sêsiliha kêkasih | nuwanana sarewangmu | rana Bun Jaladriya | kabèh padha ngidhêpa maring Bapa Bun | Jaladriya sarèhira | sadaya panauri[71] |[72]|
53. bênêr karsane rahadyan | yèn kakang Bun Jaladriya kang dadi | ing pamugarining laku | yogya anuwanana [anuwa...]
--- [f. 34r] ---
[...nana] | ing rèh iki kabèh pan darma lumaku | sarèhe kang Jaladriya | ingsun tan wikan ing wèsthi ||
54. lan radèn maksih taruna | ing lupute dika ikang ngaturi | sawusira padha rêmbug | budhal ing lampahira | datan kandhêg sarewange patang puluh | ngetan bênêr lampahira | Têgal Pamalang dèn jogi ||
55. nêngêna ingkang wus lêpas | kawarnaa Kumpêni kang nututi | kandhêg anèng ing Cianjur | samya abêbarisan | wong Kumpêni sampun myarsa wartinipun | yèn Ki Untung ngalor ngetan | sarewangira angiring ||
56. ajrih lamun nututana | adoh-adoh dening wus padha uni | ing tandangira Ki Untung | dadya kandhêg Pasundhan | wong Pasundhan Prayangan sadaya kupul[73] | kinêrig abêbarisan | nèng Cianjur tugur margi ||
57. Kumpêni parentahira | lamun ana wong liwat kèn aniti | jangkêp wong sanga sapuluh | lamun tanpa dandanan | kèn anyêkêl manawa bature Untung | yèn dudu lakuning dagang | pinêpêt kang mring Batawi ||
58. Kumpêni anulya bubar | mulih ikang tinilar pacak baris | wong Sundha Prayangan tugur | abaris anèng marga | yèn ta dèrèng karuwan gène Ki Untung | Kumpêni parentahira | aja bubarakên baris ||
59. nahan ganti kawarnaa | lampahira Rahadèn Surapati | Pamalang gepak mangidul | praptèng tanah Toyamas | rèrèn desa Ngajibarang wastanipun | ing Ngajibarang punika | patingginipun kêkalih ||
60. nênggih sami kadangira | ikang anèm wasta Ki Saradênti [Saradê...]
--- [f. 34v] ---
[...nti] | Ki Saradênta kang sêpuh | samya anuba-nyuba[74] | mring têtamu Radèn Surapati wau | angsal kawan dasa dina | nulya akèn pacak baris ||
61. pan angangkat karya raja | Saradênta kalawan Saradinti[75] | kang dèn adêgakên ratu | wus angêlar jajahan | kanan kèri ing Ngajibarang sumuyud | seba maring Saradênta | tan ana anglawan jurit ||
62. yèn ana kang arsa băngga | glis ginêcak marang Ki Bun Jaladri | ajrih kang kari sumuyud | andadi barisira | amung kari jro kutha kang dèrèng cundhuk | ki tumênggung ing Toyamas | mêksih angawali jurit ||
63. mêmpên anèng jro nagara | ki tumênggung panggah gènira baris | nèng Kali Jirak kêkuwu | wong sawetan Toyamas | Panjêr Rema Pamardèn barise kumpul | Bun Jaladriya kawarna | ratune wus dèn pondhongi ||
64. maring kuthanira anyar | angadhaton Narendra Saradênti | Radèn Surapati wau | mongmong kang putra-putra | Bun Jaladri kang dadi mênggalanipun | wus agêng gêgamanira | mêngkana ikang winarni ||
65. sira Radèn Surapatya | abêbisik maring Ki Bun Jaladri | aja kelangan sirèku | sun bapa arsa lunga | maring nagri Kartasura sêdyaningsun | angabdi Suhnan Mêngkurat | yèn arsa ngabdèkên[76] kami ||
66. dening iku ratu dibya | pantês bisa angukuhi mring kami | dening yèn wis kandêl ingsun | sira bapa nusula | ingsun undang saparo kari sanakmu | saparo manira gawa | yèn ana takon ing kami ||
67. apadene [apade...]
--- [f. 35r] ---
[...ne] ratunira | awadêna ingsun lunga anêpi | marang ing pasisir kidul | nanging wawêkas ingwang | lamun ana ing benjang utusan ingsun | sarta gawa singsim ingwang | ratumu cêkêlên aglis ||
68. sira gawaa bêbandan | poma bapa sira dèn ngati-ati | Bun Jaladriya lon matur | inggih dhatêng sandika | lan maninge bapa aja sira gupuh | gitik baris Kali Jirak | gitikên sapungkur mami ||
69. sawusira apitungkas | nulya mangkat Rahadèn Surapati | wayahira têngah dalu | saking tanah Toyamas | datan pisah sarewangira rongpuluh | andarung lampahe ngetan | samarga angaji krami ||
70. asring mampir padhusunan | Surapati angaji tatakrami | sandine anjaluk sêkul | ngingoni ngrewangira | dadya randhat nèng marga samadya tèngsu | datan kawarna sêmona | prapta ing Kartasurènjing ||
71. Surapati sarewangya | rangu-rangu sipêng anèng ing Piji | gènira angaji tutur | wong manjing ing nagara | sêsikune lan malih ingkang jinujug | kang aglis katur ing nata | wus atas dènira ngaji ||
72. kinèn umarêk ing patya | yèn andika amrih katur ing aji | puniku lêlurung agung | Radèn Anrangkusuma | jêjuluke pêpatihira sang prabu | dawêg nuli umangkata | sang anom nulya lumaris ||
11. Sinom
1. ingkang sinêdya ing driya | sira Radèn [Ra...]
--- [f. 35v] ---
[...dèn] Surapati | marêk ing radèn apatya | datan kawarna ing margi | lampahira glis prapti | jujug paregolanipun | sigra atur uninga | wau kang atêngga kori | lamun ana wong prapta arsa sumiwa ||
2. aglis sira ingandikan | ing radèn rêkyana patih | Ki Surapati wus prapta | ing ngarsanira wotsari | ya ta radèn apatih | rêsêp ing manah andulu | aris kang pangandika | sira wong têka ing ngêndi | mulanira lan sapa wêwanginira ||
3. Ki Surapati turira | tan emut sangkaning alit | dening papa alit mila | awasta pun Surapati | sêdya kawula ngabdi | dhatêng gusti kang sinuhun | lan malihe kawula | punika angungsi urip | dèn niaya kawula dening pun kofar ||
4. inggih manawi sumêla | ing galih sri narapati | upami badan kawula | tinêdha dhatêng Kumpêni | dados hrune pun kafir | dipun patêdhakna gupuh | nanging panuhun ămba | sagung abdi dalêm jawi | sampun wontên kang tumut kewala |[77]|
5. dening Kumpêni punika | kapanggiha siyang latri | pan inggih purun kawula | sagêndhingipun ajurit | sira rahadèn patih | miyarsa suka ing kalbu | aris kang pangandika | lah iya aja kuwatir | pan manira kang matur maring sang nata ||
6. mangkana Ki Surapatya | sinung panggonan tumuli | kalangkung ingupasuba | ing radèn rêkyana patih | kinadang-kadang yêkti | ingandikan sabên dalu | nahan kang kawarnaa | sira Prabu Saradênti | wau ingkang [ing...]
--- [f. 36r] ---
[...kang] mandhirèng bumi Toyamas ||
7. wus amukti awibawa | gêgamanira andadi | kang abaris Kali Jirak | Tumênggung Toyas nênggih |[78] apan sampun ginitik | Bun Jaladriya kang magut | tumênggung ing Toyamas | rusak wonge akèh mati | tan kawawa ki tumênggung wus lumalya ||
8. lajêng dhatêng Kartasura | arsa ngaturi udani | tan kawarna lampahira | prapta ing Kartasurèki | katur ing sri bupati | aturira ki tumênggung | yèn nagri ing Toyamas | wontên wong umadêg baris | aprakosa kêraman wus madêg raja ||
9. kalangkung duka narendra | nêhêr kinèn anglurugi | ingkang tinuduh ing lampah | rahadèn rêkyana patih | sigra ngundhangi dasih | samapta gêgamanipun | asanega busana | sakapraboning ajurit | sira Radèn Surapati ingandikan ||
10. tan adangu nulya prapta | ngandika radèn apatih | ingsun adhi arsa lunga | timbalane sri bupati | ingsun kinèn agitik | maring wong umadêg ratu | anèng tanah Toyamas | sira Radèn Surapati | tur pranata radèn kenginga punika ||
11. sampun paduka tumindak | amunga pun Surapati | angrurah mungsuh karaman | awuwuha mungsuh malih | dèrèng suda kang ati | sayêkti merang kalangkung | yèn ămba taksih gêsang | paduka tindak pribadi | suka ing tyas rahadèn patih ngandika ||
12. yèn mêngkono karsanira | sun matur ing sri bupati [bu...]
--- [f. 36v] ---
[...pati] | sigra lumêbêt aseba | sira rahadèn apatih | prapta ing srimanganti | aglis katur ing sang prabu | sêksana ingandikan | lumêbêt ing dalêm puri | prapta ngarsa manêmbah alon aturnya ||
13. gusti wontên palajêngan | saking nagari Batawi | pun Surapati mangaran | palajêngipun angungsi | sinikarèng Kumpêni | mila angungsi pukulun | dening ta tanpa dosa | kinuya-kuya Kumpêni | nanging mangke sagah angrurah karaman ||
14. ikang mandhirèng Toyamas | punika sagah mêjahi | yèn suwawi rinojonga | ature pun Surapati | indah punapa gusti | yèn astu pênêd kinukup | yèn ala glis binucal | sampun nyênyukêri galih | tan aèwêd sang nata aris ngandika ||
15. lah iya sakarêpira | măngsa bodhoa sirèki | pan ingsun uwis pracaya | marang ing sira apatih | suka ing tyas wotsari | rahadèn patih gya mêtu | sapraptane ing wisma | panggih Radèn Surapati | dhinawuhan timbalanira sang nata ||
16. kalilan kinèn umangkat | suka Radèn Surapati | apan sampun kinanthenan | Tumênggung Toyamas nênggih | Rahadèn Surapati | samapta sarewangipun | mangkat saking ing ngarsa- | nira rahadèn apatih | sigra-sigra wus mêdal jawining praja ||
17. ing ênu datan winarna | lampahe Ki Surapati | ing Kali Jirak wus prapta | sarewange pacak baris | kathah têtiyang prapti | ingkang sami asêsuguh [a...]
--- [f. 37r] ---
[...sêsuguh] | tarub wetan Toyamas | myarsa jajênêng nêrpati | ikang prapta ya ta Radèn Surapatya ||
18. agya dènira putusan | ing panakawan kêkalih | binaktan sêsupenira | tan kawarna wus apanggih | lawan Ki Bun Jaladri | sampun atanggap ing sêmu | mangsiti rewangira | samapta busanèng jurit | sabature kang saking nagri Jakarta ||
19. sadaya sampun sanega | sigra Bun Jaladriyèki | mangakt seba ngratunira | sapraptanira ing puri- | nira Ki Saradênti | pan lagi angadu sawung | anèng paseban jaba | ingayap ing para cèthi | kagèt mulat praptane Bun Jaladriya ||
20. aglis dènira anapa | sira Prabu Saradênti | ing kene dèn maring ngarsa | apa wartane ing Jawi | baya ta ana kardi | dening agupuh malêbu | sira Bun Jaladriya | gupuh dènnya marêpêki | angêjèpi wau maring rewangira ||
21. tinubruk saking ngiringan | sira Prabu Saradênti | anjola sampun binănda | tanapi Saradêntèki | sigra ginawa mijil | Bun Jaladriya glis laju | marang ing Kali Jirak | tan adangu nulya prapti | sampun katur maring Radèn Surapatya ||
22. yèn ratune wus kabănda | suka Radèn Surapati | sigra pinocok sêkala | utamangganira kalih | kuthane dèn obongi | jinarah bêrananipun | èstrine binoyongan | solahe datan winarni | sira Radèn Surapati nulya budhal ||
23. saking nagari Toyamas | datan kawarna ing margi | wus prapta [pra...]
--- [f. 37v] ---
[...pta] ing Kartasura | katur dhatêng sri bupati | ratu kraman wus mati | pan tinigas murdanipun | sang nata langkung suka | murda pinanjêr tumuli | sira Radèn Surapati wus ginanjar ||
24. arta kalawan busana | suka Radèn Surapati | dening angrasa katrima | karyane marang sang aji | saya agêng kang galih | Radèn Surapati wau | kandêl pangabdinira | angrasa lamun angsal sih | pan akathah ganjaranira sang nata ||
25. anèng Kanêrangkusuman | wus sinungan panti malih | Surapati sarewangya | cinadhong ing siyang latri | dening rahadèn patih | ngupasubane kalangkung | marang Ki Surapatya | ing antara lami-lami | kapiyarsa saking nagri Batawiyah ||
26. yèn Ki Untung wus karuwan | sarewangira angabdi | maring Prabu Kartasura | malah wus silih kêkasih | aran Ki Surapati | ya ta wau kang winuwus | samya ngangkat bicara | sagung nayaka Kumpêni | pinanggilan ing sira durnadur jendral ||
27. miwah Idlèr Mur pamungkas | pêpêkang[79] para Rat Pêni[80] | bicara nèng kantor bêsar | atari maring Kumpêni | sapa ta ingkang wani | anyêkêl maring Ki Untung | agêng ingkang ganjaran | sarta jinungjung lêlinggih | pra prajurit Kumpêni mopo sadaya ||
28. dene ta sampun karuwan | Ki Untung prawirèng jurit | jindral langkung susah ing tyas | miwah kang para Rat Pêni | ya ta ana Kumpêni | satu wijiling wong agung | maksih lênggah kapitan | tuhu têrêhing
--- [f. 38r] ---
prajurit | bapakane kang bêdhah nagri Makasar ||
29. Kapitan Tak wastanira | punika ingkang nanggupi | nyêkêl Ki Untung samăngsa | jindral suka ingkang ati | latah angêntrog wêntis | glis cinandhak astanipun | sira Kapitan Êtak | binêkta maring ngarsa glis | dèn wor lawan pra Rat Pêni kalih wêlas ||
30. ngupuk-upuk linarihan | marang kang para Rat Pêni | sêsugun ing Kapitan Tak | jindral milu anglarihi | wus sinungan Kumpêni | kathahira kalih atus | sadaya pêpilihan | myang wadya Mêkasar Bugis | sigra mangkat pan sampun ginawan surat ||
31. samya numpak ing baita | babar layar angsal angin | tan kawarna lampahira | ing laotan kang dèn jogi | Jêpara muwarèki | prapta palwanira labuh | sigra mêntas dharatan | myang sagung wadya Kumpêni | catur ari Kapitan Tak nèng Japara ||
32. sawusira parêmbagan | wajidan agya tinuding | ambêkta surate jindral | mring Kartasura nêgari | kinanthèn mantri kalih | Japara gya lampahipun | tan kawarna ing marga | prapta ing Kartasura glis | kang jinujug Radèn Arya Sindurêja ||
33. Radèn Arya Sindurêja | aglis tumamèng jro puri | katur ing sri naradipa | yèn surat saking Batawi | sang nata gya nupiksi | sampun kadriya kang têmbung | kagyat ing tyas narendra | dadya angandika aris | hèh Sindurja kaya nagpa karsanira ||
34. dening ki layange jendral | anjaluk Sri Surapati | matur Ki Arya Sindurja | yèn suwawia ing
--- [f. 38v] ---
gusti | inggih pun Surapati | buroning Kumpêni tuhu | lêhêng pinaringêna | dados manahing Kumpêni | upamine paduka angukuhana ||
35. èmêng ing driya narendra | lah Arya mêtua dhingin | timbalana adhi êmas | Dipati Pugêr dèn aglis | lawan Si Adipati | Madura Surabayèku | wis atarya Sindurja | tur pranata sigra mijil | tan kawarna katri sampun katimbalan ||
36. Pangeran Pugêr gya prapta | lawan punggawa kêkalih | Jangrana lan Cakraningrat | lajêng tumamèng jro puri | Sindurja kang angirid | praptra[81] ngarsane sang prabu | kapat marêk anêmbah | angandika sri bupati | he yayi mas payo kene ngarsaningwang ||
37. majêng pangeran dipatya | manêmbah myang punggawa tri | sang nata ris angandika | paran karsanira yayi | layange jendral iki | Si Surapati dèn jaluk | Êtak ingkang dinuta | anyêkêl ing Surapati | dening mêngko Êtak anèng ing Japara ||
38. lah iku sira pikira | ing kono lan punggawa tri | Dipati Sampang tur sêmbah | lan Jangrana atur bêkti | yèn suwawi ing gusti | pinatêdhakêna gupuh | tan wande păncakara | lamun paduka kêkahi | abdi dalêm Kumpêni kalawan Jawa ||
39. sangsaya èmêng ing driya | Pangeran Pugêr tur bêkti | kawula datan sêmbada | ature punggawa katri | nênggih pun Surapati | angabdi ing kakang prabu | mêngko Si Surapatya | jinaluk maring Kumpêni | tinurutan iya têka dèn cêkêlan ||
40. nanging
--- [f. 39r] ---
abdi dalêm Jawa | sampun wontên angrencangi | angrurah pun Surapatya | dimèn cinêkêl pribadi | dening pun Surapati | tan darbe dosa pukulun | lamun angrewangana | abdi dalêm mring Kumpêni | sayêktine asikara tanpa dosa ||
41. lan punika băngsa Islam | dening mêksaning Kumpêni | paduka ikang anglèsa | ngakêna tan darbe dasih | iya Si Surapati | ananing nêgaraningsun | tan angabdi maringwang | ana ing pêpatih mami | ya Si Anrangkusuma gone ngawula ||
42. katujon sri naranata | myarsa ature kang rayi | mèsêm sarwi angandika | bênêr yayi mas dipati | mêngkono saur mami | kawrata ing angsul-angsul | dening Kumpêni mêksa | anjaluk Si Surapati | sun pundhute iya têka dèn cêkêla ||
43. hèh Arya sira mêtua | dhawuhna timbalan mami | mêngkono maring wajidan | nuli tundhungên tumuli | lan Si Răngga Sêmawis | warahên ingsun kang nuduh | ngatêrêna Si Êtak | lan pracayakêna maning | kang sun tuduh rumêksa maring Si Êtak ||
44. pangane anèng dêdalan | ya Si Răngga ing Sêmawis | sigra Ki Ar Sindurja |[82] manêmbah anulya mijil | sapraptanirèng jawi | dyan dhinawuhakên gupuh | mring wajidan gya mêsat | pan sampun wartèng Kumpêni | kang ajaga anèng nagri Kartasura ||
45. tan kawarna lampahira | kang kari anèng jro puri | sang nata ris angandika | hèh yayi mas adipati | sira sun srahi kardi | dhawuhna
--- [f. 39v] ---
timbalan ingsun | marang Si Surapatya | jinaluk marang Kumpêni | lan Si Anrangkusuma sun karya wayang ||
46. lan sagung para punggawa | padha undhangana yayi | kabèh awèha warastra | iya maring Surapati | pangran manêmbah mijil | punggawa kalih tut pungkur | sapraptanirèng jaba | hyang arka wus nitih ngardi | jêng pangeran sapraptaning padalêman ||
47. sakèhing para punggawa | dalu ingundhangan sami | maring dalêm Kapugêran | miwah rahadèn apatih | lawan Ki Surapati | Kapugêran sampun rawuh | lan sagunging punggawa | sigra pangran adipati | dhawuhakên timbalanira sang nata ||
48. hèh paman Anrangkusuma | timbalane kakang aji | puniku Si Surapatya | jinaluk maring Kumpêni | dika kinarya ringgit | lamun Surapati purun | anglawan dutaning kang | Kumpêni saking Batawi | Kapitan Tak mêngko lagya nèng Japara ||
49. nanging ta wis ingandikan | maring kakang sri bupati | kayaparan sanggupira | lamun sira nora wani | nuli lungaa aglis | têka ing Kartasurèku | yèn sira wani nglawan | kakang aji angidèni | lan mènèhi kanthi maring pêkênira ||
50. Ki Surapati tur sêmbah | adhuh gusti sang apêkik | sanadyan jendral praptaa | ngêriga wadya Kumpêni | dèn kêbêk nusa Jawi | datan gumingsir ing sanggup | mangke badan kawula | angsal idining narpati | aprasasat paripih kalawan jimat ||
51. lêbura awor pratala | wus kasêdya siyang latri | pêjaha prang lan pun kofar | pintên [pintê...]
--- [f. 40r] ---
[...n] bangginipun gusti | kawula manggih urip | yèn angsal barkat pukulun | pitulunging Pangeran | mèsêm pangran adipati | angandika mring Radèn Anrangkusuma ||
52. hèh paman Anrangkusuma | sirèstu kinarya ringgit | milyaa saparipolah- | ira lan Ki Surapati | suka ing tyas dyan patih | sandika ing aturipun | pangeran angandika | ing sagung para bupati | lah ta payo kabèh awèha warastra ||
53. iya pa sasukanira | pamilihe Surapati | Ki Surapati tur sêmbah | sampun wontên lyan saking kris | Pangeran Madura glis | dènnya ngulungakên dhuwung | dhapuripun sampana | tangguhe Tuban panêti | pan tinampik dening Radèn Surapatya ||
54. pan sarwi alon aturnya | sagunging kang aparing kris | sampun kêdah kang berawa | paringa dhuwung kang alit | kang dhapur tilam upih | lawan kalamisanèku | sangu tumpêng lan jalak | miwah dhapur pasopati | inggih pintên agênge siyunging ula ||
55. sigra kang para dipatya | samya suka dhuwung alit | kang titih-titih kewala | sawusira mangkanèki | bubar rahadèn patih | Ki Surapati tumutur | mulih mring kuwunira | myang sagung para bupati | sarêng bubar saking dalêm Kapugêran ||
56. sira rahadèn apatya | sapraptaning dalêm enjing | anggêganjar wadyakoswa | santana para prajurit | miwah Ki Surapati | ginajar sarewangipun | wus sinungan busana | saruwal miwah kulambi | tur sangkêlat sadaya sami rêrendan ||
57. pinantês saruwalira | sadaya [sada...]
--- [f. 40v] ---
[...ya] saruwal kuning | pinanji rinenda pêthak | samya bênting cindhe wilis | udhêng cawêni putih | nahan gantia winuwus | duta wajidan prapta | Japara sampun apanggih | lawan Êtak wus katur sapolahira ||
58. tuwin andikaning nata | Kapitan Tak sukèng ati | budhal saking ing Japara | anjog nagari Sêmawis | Ki Răngga wus atampi | timbalanira sang prabu | Êtak anulya prapta | lampahira ing Sêmawis | panggih lawan Ki Răngga Martanêgara ||
59. sinugata sarewangya | kalih dalu nèng Sêmawis | nulya budhal sawadyanya | Ki Răngga Sêmarang ngiring | rumêksa anèng margi | tundhan lawan panganipun | tan kawarna ing marga | prapta ing Kênêr barênti | masanggrahan Ki Răngga atur uninga ||
60. mring nagara Kartasura | yèn Kapitan Êtak prapti | ing Kênêr ngasokkên wadya | katur dhatêng sri bupati | nulya glis animbali | Arya Sindurja tinuduh | karyaa pamondhokan | ing Toyadana dèn aglis | yèn wis dadi Kapitan Tak dèn undanga ||
61. sigra Ki Arya Sindurja | pan sampun anandhang wangsit | ngirid punggawa têtiga | tan adangu nulya prapti | ing Toyadana kardi | pakuwon acawis suguh | sigra Arya Sindurja | utusan mantri wèh uning | mring Ki Răngga Êtak kinèn ngaturana ||
62. Kapitan Tak wus ngaturan | ing Ki Răngga ing Sêmawis | saking Kênêr nulya budhal | kawarnaa sri bupati | Dipati Surawèsthi | kinèn ngobong-obong dalu | paseban kidul surak [su...]
--- [f. 41r] ---
[...rak] | ing wadya gumuruh atri | ginumyahkên Surapati ngamuk pura ||
63. ya ta lampahira Êtak | ing marga datan winarni | wus prapta ing Toyadana | pinapag jawining kikis | Êtak sampun apanggih | lan Arya Sindurêjèku | tundhuk atêtabean | binêkta lênggah ing panti | Kapitan Tak aris dènira angucap ||
64. radèn kawula dinuta | ing jindral lan pra Rat Fêni | anuhun pun Surapatya | kathah dosaning Kumpêni | lan jendral akêkirim | renda kalawan baludru | punapa ta taksiha | kang wasta pun Surapati | anauri Radèn Arya Sindurêja ||
65. gèh sudara mêksih ana | kang aran Ki Surapati | nanging tan ngabdi ing nata | angabdi ing Radèn Patih | Nrangkusuma namèki | pêpatihira sang prabu | duk tuwan aputusan | wajidan aturkên tulis | sawingkinge pinundhut Ki Surapatya ||
66. karsane sri naranata | kasraha maring Kumpêni | Ki Surapati bêbandan | rahadèn patih ngukuhi | pêksa parêng ngêmasi | ajangji parêng alêbur | dadya băngga ing nata | iya băngga ing Kumpêni | punapa ta Kumpêni botên miyarsa ||
67. yèn Radèn Anrangkusuma | amungsuh ing sri bupati | anglabuhi Surapatya | malah ing sadintên wingi | sampun angamuk puri | mêtu ing paseban kidul | sadaya ingobaran | yèn sampuna inggal prapti | Pangran Pugêr atêtulung mring kang raka ||
68. kaya kalampahan bêdhah | kadhaton dalêm ing wingi | Êtak gagêtun miyarsa |
--- [f. 41v] ---
ambanting tapiyonèki | sarwi anampèl wêntis | amulir babrêngosipun | hèh Rahadèn Sindurja | nanti pagi salin ari | Surapati wus kagêm ing astaningwang ||
69. sawusira sinêgahan | sakèhing bala Kumpêni | dening Dyan Arya Sindurja | datan kawarna ing latri | ya ta kawarna enjing | wau sira sang aprabu | nimbali pra nayaka | tanapi kang para ari | tinimbalan mring pura ngirid nayaka ||
70. tanapi Ki Surapatya | tinimbalan mring jro puri | lan Radèn Anrangkusuma | ingandikan mring jro puri | sinandi lawan silib | mêtu ing paseban kidul | samya marêk ing nata | sira Radèn Surapati | dènnya lênggah awor lan para nayaka ||
71. Prabu Mêngkurat ngandika | aris dhumatêng kang rayi | yayi paran karsanira | pangeran matur wotsari | sumăngga ing karsa ji | kawula tan darbe atur | mapan pun Surapatya | tan gumingsir siyang latri | pêjahipun katur ing paduka nata ||
72. sang nata malih ngandika | yèn mêngkono karsa mami | yayi dipati ing Sampang | lan Dipati Surawèsthi | karo sun srahi kardi | samaptaa besuk esuk | gusah Si Surapatya | dèn rame kanthaning jurit | wangsitana lawan Si Arya Sindurja ||
73. poma karo dèn abisa | akarya sandining jurit | ingsun akarsa umiyat | yudane Si Surapati | lawan Êtak ing benjing | campuhna ing alun-alun | pratiwa kalih nêmbah | rampung wawêling nêrpati [nêr...]
--- [f. 42r] ---
[...pati] | Surapati tumulya dinuk ing tingal ||
74. mangsah ing ngarsa pranata | wusira tampi wawêling | Surapati nguswa pada | lèngsèr saking ngarsa aji | miwah radèn apatih | wus tampi pitungkas tuhu | sarêng dènira mêdal | lan sagung para bupati | Pangran Pugêr wus mundur saking ngajêngan ||
12. Durma
1. tan kawarna ing dalu wuwusên injang | miyos sri narapati | munggèng sitibêntar | balakuswa sumahab | wong Priyantaka Saragni | kang anèng ngarsa | Dwaja angapit-apit ||
2. wong atusan sumambung ing wuri aglar | samya samaptèng wèsthi | Jagabaya ngarsa | sisih wong Sakragnyana | Mandhung Nutra lan wong Miji | wong Anirbaya | nèng ngarsa sikêp karbin ||
3. Patranala kalawan wong Darpahita | Maudara Miyanggi | myang wong Brajanala | asisih Wirabraja | Kanoman Patrayudèki | Udamênggala | nèng ngarsa lan Kapilih ||
4. Kartiyasa kalawan wong Wisamarta | tulup asikêpnèki | lan Wisapracăndha | Tanuastra Jantaka | amarapit sikêp lêmbing | Singanagara | Martalulut nisihi ||
5. wong Katanggung Gandhèk lawan Mantri Mudha | sangkêp ngarsa nêrpati | myang wong Jagasura | Carik lan Suranata | ngayap anèng kanan kèri | Niyaga Kriya | gêdhong kapering wuri ||
6. agêng alit samya samaptèng ayuda | miwah pratiwa jawi | andhèr pagêlaran | saha wadya sadhiya | ing alun-alun abaris | kinarya ucap | amrêp ing Surapati [Su...]
--- [f. 42v] ---
[...rapati] ||
7. wong Kumpêni kang ajaga Kartasura | wus sinungan upaksi | ing sang adipatya | ing Sampang Surabaya | yèn agêpuk Surapati | bala Madura | lan wadyèng Surawèsthi ||
8. baris anèng pasar sira sang dipatya | kalih munggèng ing loji | pan loji sêmana | mêksih jaro kewala | sagung wong măncanêgari | baris ing Sêndhang | dening wadya pasisir ||
9. baris anèng Warung Watu ambêlabar | iya bupati kalih | kang amangku karya | Mandura[83] Surabaya | nahan gantia kawarni | Kapitan Êtak | lan Arya Sindurjèki ||
10. nulya budhal wau saking Toyadana | gumuruh wong Kumpêni | lampahe sumahab | Ambon Bugis Makasar | sira Arya Sindurja glis | dènnya putusan | mring sang dipati kalih ||
11. sigra panggih rikang duta Kasindurjan | lawan dipati kalih | Sampang Surabaya | asru dènira mojar | dipatya maring Kumpêni | tuwan manira | arsa anggêcêk aglis ||
12. maring Kanrangkusuman nanging ta para | barisa păncaniti | rumêksa ing nata | sigra samya sanega | sagunging bala Kumpêni | pan sarêng budhal | lan sang dipati kalih ||
13. kalih atus wong Kumpêni kathahira | ing alun-alun prapti | abaris malatar | wau kang kawarnaa | wadyèng Sampang Surawèsthi | dènnya lumampah | gumrah têngara muni ||
14. pan anglarug[84] maring Kanêrangkusuman | sawetan [sawe...]
--- [f. 43r] ---
[...tan] Ngasêm prapti | ing lêlurungira | sigra sang adipatya | ngangsahkên sikêping jurit | umung kang surak | awor swaraning bêdhil ||
15. Surapati kalawan radèn apatya | wus samamta[85] ing jurit | saha wadyanira | mulat wong Sampang prapta | gumrah samya ambêdhili | bêdhol sêkala | barise Surapati ||
16. wadyanira patang puluh tan kêna sah | myang rahadèn apatih | saha wadyanira | angalèr larugira | wadya Madura nututi | wong Surabaya | anglud padha bêdhili ||
17. kadya guntur ing arga ingkang sanapan[86] | sèwu pan sarêng muni | surak lir ampuhan | nanging obat kewala | tan ana anganggo mimis | apan andikan- | ira sri narapati ||
18. kawarnaa Kapitan Tak Ngasêm prapta | kagyat miyarsa bêdhil | Dyan Arya Sindurja | asru dènira mojar | lah ta ika Surapati | rinêbut ing prang | Êtak asru dènnya ngling ||
19. lah anêdha Radèn Arya dèn akêbat | ingsun nuli apanggih | lan Si Surapatya | angling Radèn Sindurja | hèh tuwan manira ajrih | maring sang nata | yèn dika prang ing margi ||
20. wêlingira sang nata dika asoa | pagêlaran kariyin | pan maksih akathah | bala ing Kartasura | kang bêbujung Surapati | dèrèng kasoran | aja ge tulung jurit ||
21. ya ta ana dutane Dipati Sampang | panggyarya Sindurja glis | sang duta turira | amba ikang caraka |
--- [f. 43v] ---
rakanta dipati kalih | ngaturi wikan | lamun Ki Surapati ||
22. dèn bêbujung ngalèr anggepak mangetan | andika dèn aturi | dèn inggal ing lampah | lawan Kapitan Êtak | manawa Ki Surapati | lan radèn patya | ngidul anggêpok puri ||
23. dika baris ing alun-alun dèn inggal | rakanta langkung watir | sigra Kapitan Tak | lawan Arya Sindurja | pinêlêk lampahing baris | gumyah ing marga | ing alun-alun prapti ||
24. wus akumpul wong Kumpêni barisira | gamêng tinon ngajrihi | myang Bugis Makasar | tata baris malatar | saloring waringin rakit | wus sinuguhan | pănca tus wong Kumpêni ||
25. tigang atus gêgawane Kapitan Tak | kalih atus kang lami | myang Bugis Makasar | gangsal atus kèhira | Êtak minggah ing sitinggil | tundhuk tabean | lawan sri narapati ||
26. ngaturakên pakêkintunira jendral | Êtak aturira ris | kawula dinuta | dhatêng eyang paduka | Durnadur Jendral Batawi | myang pra Indiya | mikut pun Surapati ||
27. ingkang wontên nagari dalêm punika | lilah paduka gusti | sang nata ngandika | iya Tak dèn pracaya | kang aran Si Surapati | băngga maringwang | ya băngga ing Kumpêni ||
28. sarupane bupati ing Kartasura | padha sun kon ngrewangi | Êtak maring sira | mau kang ingsun duta | ambêbujung Surapati | wong ing Madura | lawan wong Surawèsthi ||
29. nanging sira Êtak aja lunga-lunga | nadyan maguta jurit | aja doh lan ingwang | manawa [ma...]
--- [f. 44r] ---
[...nawa] ta kasoran | wong ing Sampang Surawèsthi | Si Surapatya | têmah gêpok ing kami ||
30. Kapitan Tak myarsa andikaning nata | langkung suka kang ati | asru aturira | dhuh gusti jangan susah | yèn kawula taksih urip | kagêm ing asta | pêjahe Surapati ||
31. gêsangipun prasaksat sampun palastra | ya Surapati baik | nanti beta ajar | êlu punya kapala | nanti taruk bawah kaki | alatah-latah | sarwi angêntrog wêntis ||
32. wus tumurun Êtak saking sitibêntar | wus anindhihi baris | Dyan Arya Sindurja | sigra dènnya putusan | marang sang dipati kalih | Dipati Sampang | lawan ing Surawèsthi ||
33. amangsiti yèn Kapitan Tak wus prapta | ing alun-alun baris | ya ta kawarnaa | Rahadèn Surapatya | dèn bêbujung dèn bêdhili | ing Pepe prapta | menggok mangetan aglis ||
34. turut kali binujung malayu ngetan | ginarudug ing bêdhil | dening wong Madura | praptèng Bungas lor wetan | gepak ngidul Surapati | myang radèn patya | ing Sêndhang kang dèn jogi ||
35. katêrajang barising măncanagara | mawur sadaya ngisis | ya ta cinarita | ana wadya ing Sampang | lêlurahing Saragêni | kaku tyasira | aran Ki Konangpasir ||
36. asru mojar wau maring kancanira | kêsêl têmên kang ati | anggung bêburonan | bilalang-bilulungan | mayo padha nganggo mimis | têka sapisan | jinajal sigra bêdhil ||
37. rewangira Surapati siji kêna [kê...]
--- [f. 44v] ---
[...na] | binêdhil angêmasi | kagyat Surapatya | wong Sampang liwat ala | madayèng wêling nêrpati | bali sakala | angilèn Surapati ||
38. tinarajang wong Sampang samya lumajar | Surapati nututi | ana kang kacandhak | têtiga tinumbakan | wong Madura ikang kanin | katur Pangeran | Madura sukèng galih ||
39. angandika mring Dipati Surabaya | hèh kakang Jangranèki | iki olih tăndha | têka kaparêng uga | batur ingsun ana kanin | wus winangsitan | Rahadèn Surapati ||
40. pan tinuntun dening bala ing Madura | lawan wong Surawèsthi | lumajêng angilyan | binuru lawan surak | ing wadyane radèn patih | myang wadyanira | Rahadèn Surapati ||
41. Radèn Anrangkusuma anèng ing wuntat | among ing Surapati | ya ta kawarnaa | wong Sampang kang lumajar | ing alun-alun wus prapti | gègèr sêkala | kang baris păncaniti ||
42. samya ngrakit Rahadèn Arya Sindurja | kang among ing Kumpêni | asru dènnya mojar | maring Kapitan Êtak | hèh paran karsanirèki | ika wong Sampang | wus kajodhi ing jurit ||
43. atanapi prajurit ing Surabaya | sampun kasor ing jurit | kathah ingkang brana | wau datan antara | wadya Madura kang kanin | liwat ing ngarsa- | nira baris Kumpêni ||
44. Kapitan Tak tumingal langkung bramatya | sigra ngabani baris | mukul tamburira | gumêrah swaranira | kalih wêlas sarêng muni | gumyur kang myarsa | kawarna Surapati ||
45. ambêbujung mring wong Sampang
--- [f. 45r] ---
Surabaya | ing alun-alun prapti | ya ta kang lumajar | lajêng mangilèn pisan | ana lajêng mring jro puri | ingkang paseban | gêdhong siji binasmi ||
46. Surapati wus prapta anèng pagongan | tarap baris alinggih | sang sri naranata | pinarêk sitibêntar | dèn adhêp ing para ari | katiga pisan | samya munggèng ngarsa ji ||
47. pan apajêg barise wadya kapêdhak | samya rumêksèng aji | ngapit kèri kanan | ya ta wong Kasindurjan | lan wadyaning pra dipati | bêdhil sadaya | marang Ki Surapati ||
48. ingadêgan mring wadyane Surapatya | mawur sadaya ngisis | Tak asru bramatya | ngabani barisira | lêlumbungan wong Kumpêni | wong Jawa gumyah | orêg wong sanêgari ||
49. wus aparê[87] Kumpêni awas umiyat | mring wonge Surapati | kang para kapitan | sigra ngabani bala | parêng ngêdrèl tambur muni | lir ruging arga | bangkilung wadya Bugis ||
50. maksih dhêdhêp Surapati sawadyanya | ingêdrèl wanti-wanti | kukusing sundawa | pêtêng lir ampak-ampak | sigra Radèn Surapati | ngabani wadya | parêng mangsah ing jurit ||
51. nêmpuh nêngah Surapati ngamuk rampak | Kumpêni anadhahi | arame prangira | gumrudug kang sinapan | kadya guntur ingkang ardi | pangêdrèlira | Kumpêni banyu mili ||
52. Surapati sawadyane ngamuk nêngah | tandange angajrihi | kadya liman mêta | Surapati sawadya | wong patang puluh apipis | numbak amêdhang | anuduk angakahi ||
53. pan wus akèh [a...]
--- [f. 45v] ---
[...kèh] Kumpêni kang kamuk pêjah | ing wuri ambêdhili | Êtak asru gusar | banting tatopongira | gêdrug-gêdrug naut rawis | marakên[88] wadya | nangsah[89] kang anèng wuri ||
54. iya kocaping carita Kapitan Tak | datan cara Kumpêni | nganggya makutha mas | mrêp mungkur ginarudha | têbah jaja anting-anting | lir Kombakarna | gêng inggil angajrihi ||
55. ramening prang sanjata lir gunung rêbah | awor tambur lan bèri | Surapati sayah | mundur sarewangira | atarap padha alinggih | anèng pagongan | samya ngulari warih ||
56. ya ta ana timbalanira sang nata | nêdha Ki Surapati | aja kalayatan | Surapati turira | sandika aso kariyin | sigra umangsah | sarewangira ngukih ||
57. tinadhahan ing Kumpêni pangêdrèlnya | tan agop banyu mili | Radèn Surapatya | ngantêp sawadyanira | sèlèh watang caruk kêris | Ki Surapatya | liwung awuru gêtih ||
58. saya kathah Kumpêni kang kamuk pêjah | malah tan ngambah siti | angidak bêbathang | Rahadèn Surapatya | Êtak dipun parêpêki | apan kasasang[90] | ing mimis lir dèn soki ||
59. dhuwungira wolulas kang cinuriga | Rahadèn Surapati | sabên-sabên angsal | sadasa gya binuwang | datan kandhêg salin kêris | apan mangkana | sadanguning ajurit ||
60. Kapitan Tak mobat-mabit tandangira | angabani Kumpêni | ana lutnanira | van dêr Vèl namanira | kapranggul dènira jurit | candhak-cinandhak | lan Bun Jaladriyèki ||
61. duk sinuduk [sinu...]
--- [f. 46r] ---
[...duk] jajane lutnan tan pasah | kumrampyang kêrenèki | pinindho tan pasah | malês gêbug sanapan | Bun Jaladriya ngingêri | gêgithokira | cinandhak saking wuri ||
62. glis sinêndhal van dêr Vèl tiba kalumah | ginorok angêmasi | kang abăndayuda | rame ulêng-ulêngan | acaruk pêdhang lan kêris | sanjata pêjah | gitik-ginitik bêdhil ||
63. Surapati rukêt lan Kapitan Britman | sinuduk wanti-wanti | Baritman tan pasah | sigra malês amêdhang | panggah Radèn Surapati | candhak-cinandhak | gêlut banting-binanting ||
64. Surapati sinaut gulu iringya[91] | ginagêbêg lir anjing | Surapati gila | sêkalarsa lumajar | sêdhih dèning ilêrnèki | emut sêmana | Rahadèn Surapati ||
65. patrêm tapak kinandhut kanthong saruwal | ginagap wus tinarik | Kapitan Baritman | ginoco gulunira | tatas lajêng angêmasi | upêsirira | kumrubut anulungi ||
66. myang wongira Surapati akèh prapta | langkung ramening jurit | Bugis lan Makasar | prange akulinthihan[92] | mulat ing mungsuh agiris | sri naradipa | suka dènnya ningali ||
67. Kapitan Tak mulat ing Baritman pêjah | asru bramatya runtik | angairi[93] bala | sakarine kang pêjah | Kumpêni atata malih | parêng umangsah | sira Tak mobat-mabit ||
68. ngamuk anèng ngarsa tandange lir yêksa | Kumpêni byuk nulungi | Surapati tadhah | miwah rahadèn patya | sawadyanira mangukih | ngantêp ing yuda | gumulung golong
--- [f. 46v] ---
pipis ||
69. Kapitan Tak sinosog ing watang atap | malèsèd nora busik | sru krodha tandangya[94] | lir pendah rasêksendra | Surapati marêpêki | Kapitan Êtak | ginoco wanti-wanti ||
70. nora pasah malah putung kang curiga | Rahadèn Surapati | wus salin curiga | malah kongsi ping tiga | dènnya goco nitir-nitir | Kapitan Êtak | panggah datan gumingsir ||
71. upasira Kapitan Tak kalih wêlas | durbus agêming jurit | byuk parêng apasang | undurbus parêng munya | sira Radèn Surapati | sawadyanira | sayah ing prang gumingsir ||
72. nèng pagongan atarap sami alênggah | Kumpêni ambêdhili | saking doh kewala | tan wani amarêka | sira Radèn Surapati | wus kadhawuhan | ing timbalan nêrpati ||
73. Surapati nêdha sampun ta kalayatan |[95] dinukan ing sang aji | Radèn Surapatya | aris ing aturira | sandika aso kariyin | pan dèrèng suda | manahipun kang abdi ||
74. lawan rencang punika wontêning brana | arsa anginum warih | inggih tiga wêlas | kang sami nandhang brana | wong Anggandhèk nulya bali | mring sitibêntar | matur ing sri bupati ||
75. pan wus katur saature Surapatya | mèsêm sri narapati | dadya ris ngandika | dhumatêng arinira | Pangeran Pugêr Dipati | hèh yayi êmas | sayah Si Surapati ||
76. tuwanana yayi êmas dèn ainggal | manawa nêniwasi | gya pangran dipatya | ngaras padaning raka | tumêdhak saking sitinggil | mring kamandhungan | apanggih lan dasih |[96]|
77. wadyèng Kapugêran anèng kamandhungan [kamandhu...]
--- [f. 47r] ---
[...ngan] | wolulas kang pinilih | binêtèng pangeran | samya salin busana | kaya wonge Surapati | miwah pangeran | busananira salin ||
78. iya samya busanane Surapatya | wusnya samaptèng jurit | mingêr ngilèn agya | mangalèr lampahira | malipir anjog ing masjid | wadya wolulas | tan pisah lan gusti |[97]|
79. sigra mêdal saking masjid lampahira | ing alun-alun prapti | lampahe mangetan | Surapati tumingal | yèn Pangran Pugêr nulungi | sigra umangsah | wongira rêbut dhingin ||
80. Surapati angantêp pangamukira | miwah radèn apatih | Kumpêni atadhah | sigra radèn apatya | Pangeran Pugêr wus prapti | nalabung ing prang | amor ing Surapati ||
81. jêng pangeran mangsah ingarsanira[98] Tak | kinarutug ing bêdhil | pangeran apanggah | sigra anglandhak watang | Kyai Palèrèd pinusthi | Kapitan Êtak | anulya dèn larihi ||
82. jajanira tatas anrus ing walikat | niba lajêng ngêmasi | wadya Kapugêran | wolulas sarêng mangsah | lir andaka tawan kanin | numbak Wêlănda | kadya numbak cêcindhil ||
83. têtumpêsan wong Kumpêni ingkang gêsang | tan ana măngga pulih | gêmpang ingamukan | dening wong Kapugêran | myang wadyane Surapati | bathang Wêlănda | tinon susun atindhih ||
84. wong Kumpêni kari salawe kang gêsang | wadya Makasar Bugis | sumawur lumalya | sigra Arya Sindurja | nulungi maring
--- [f. 47v] ---
Kumpêni | kang padha brana | samya binêtèng loji ||
85. Surapati sarewange lir swapêna | mulat bathang Wêlandi | sang sri naradipa | kang anèng sitibêntar | suka ngandika sang aji | tuhu prawira | iya Si Surapati ||
86. timbalana yayi mas dipati inggal | lawan Si Surapati | Si Anrangkusuma | lurah Gandhèk manêmbah | tumurun saking sitinggil | wus tinimbalan | sira pangran dipati ||
87. lawan Surapati minggah sitibêntar | miwah radèn apatih | prapta ngarsa nata | katiga sarêng nêmbah | asru ngandika sang aji | padha bageya | kang mêntas mênang jurit ||
88. adhi êmas anêmên gonira aprang | akrodha sun tingali | pangeran turira | mapan timbalan tuwan | sayêkti kawula ajrih | yèn tan nêmêna | suka sri narapati ||
89. ingkang rayi pinatêdhan dhêdhaharan | jêram kalawan manggis | timun lan sêmăngka | jambu salak pijêtan | katiga sami abukti | rahadèn patya | myang Surapati kingkin ||
1 | donga. (kembali) |
2 | panagari. (kembali) |
3 | Pangungangan. (kembali) |
4 | Teks asli kurang jelas. (kembali) |
5 | Maksudnya Burung Dhandhang: Dhandhanggula. (kembali) |
6 | Bomantaka. (kembali) |
7 | Tanggal: Soma (Sênèn) Pon rongpuluh (20) Madilakire (Jumadilakir) He (Ehe): boma antaka sapta nèng pratiwi (AJ 1700). Tanggal Masehi: Minggu 28 Agustus 1774. Pada tahun AJ 1700 dan bulan Jumadilakir hari Sênèn Pon jatuh pada tanggal tujuh (7) begitu juga wuku Galungan. Maka, mungkin tanggal yang dimaksud adalah Sênèn Pon 7 Jumadilakir AJ 1700 (Senin 15 Agustus 1774). (kembali) |
8 | rajèng. (kembali) |
9 | Kurang satu suku kata: Ngabdurrahman Sayidin Panatagami. (kembali) |
10 | ingkang (dan di tempat lain). (kembali) |
11 | sagarwa (dan di tempat lain). (kembali) |
12 | Tanggal: Buda (Rêbo) Pon pitu (7) Sakban (Ruwah) Alif (Alip): jatha sirna rêtu bumi (AJ 1603). Tanggal Masehi: Senin 2 September 1680. Pada bulan Ruwah tahun AJ 1603, hari Rêbo Pon jatuh pada tanggal 16, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Rêbo Pon 16 Ruwah AJ 1603 (Rabu 11 September 1680). Lihat juga: tri sirna rêtuning jagat (AJ 1603) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 98.13.8). Tanggal ini mengacu pada pendirian resmi keraton Kartasura oleh Amangkurat II, setelah kehancuran istana Mataram di Plered. Kartasura diberi nama "Kartasura Adiningrat" dan menjadi pusat kekuasaan baru. (kembali) |
13 | kinamandaka. (kembali) |
14 | rinta (dan di tempat lain). (kembali) |
15 | Binarong (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 98.30.9). (kembali) |
16 | prayitna. (kembali) |
17 | wus samapta (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
18 | nata. (kembali) |
19 | duk kinêtab. (kembali) |
20 | imbal. (kembali) |
21 | Gurnadur (dan di tempat lain). (kembali) |
22 | sarewangnya (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: sarowangnya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 100.9.2). (kembali) |
23 | amiranti (dan di tempat lain). (kembali) |
24 | parêng ngamuk (dan di tempat lain). (kembali) |
25 | Bandingkan: Juwana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 100.17.4). (kembali) |
26 | lingnya (dan di tempat lain). (kembali) |
27 | pendah (dan di tempat lain). (kembali) |
28 | Kurang satu suku kata: andhèr ngarsa ngabêkti. (kembali) |
29 | aprang ngantêpa. (kembali) |
30 | parêk kitha. (kembali) |
31 | prayitnèng (dan di tempat lain). (kembali) |
32 | Kurang satu suku kata: kêkathahan kang mêngsah. (kembali) |
33 | ing ngarsa (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: ngarsa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 101.35.5). (kembali) |
34 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan suku. (kembali) |
35 | wajik. (kembali) |
36 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ênêngêna kangjêng sri bopati (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 125.13.1); tan winarna wau sri bupati (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.13.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 183.10.1); tan kawarna natèng Kartawani (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 102.13.1). (kembali) |
37 | rumiyin. Bandingkan: kariyin (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 102.14.9). (kembali) |
38 | jinunjung (dan di tempat lain). (kembali) |
39 | siyagèng (dan di tempat lain). (kembali) |
40 | Kurang satu suku kata: yèn maksih anèng jaba. (kembali) |
41 | tumamèng ngarsan-. (kembali) |
42 | jinait tyasira. (kembali) |
43 | yèn nungkul. (kembali) |
44 | anèng ngarsa (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
45 | Ngalagèki. (kembali) |
46 | duk kala. (kembali) |
47 | Tanggal: jaladri lang rêtune jagate (AJ 1604). Tahun AJ 1604 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Januari 1681 sampai dengan 10 Januari 1682. Sangkala ini mengacu pada peristiwa diterimanya Pangeran Puger secara resmi di istana Kartasura oleh Amangkurat II. Ia diberi tempat tinggal dan kehormatan, serta dipulihkan kedudukannya sebagai bagian dari keluarga kerajaan. (kembali) |
48 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: asêsilih Prabu Ngalagane (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 185.29.3); asêsilih Sunan Ngalagane (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 127.20.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 37.30.3). (kembali) |
49 | munggèng ngarsa (dan di tempat lain). (kembali) |
50 | mangkat tumuli (dan di tempat lain). (kembali) |
51 | wus samapta. (kembali) |
52 | kêkasih. (kembali) |
53 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu cecak. (kembali) |
54 | Kurang satu suku kata: idlèr lintang gusar trêsnanya ting. (kembali) |
55 | duk Ki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 107.22.8; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.34.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 128.35.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.29.8). (kembali) |
56 | anjing (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.37.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.32.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 128.38.9). (kembali) |
57 | ing (dan di tempat lain). (kembali) |
58 | Raad van Indië (dan di tempat lain). Lihat juga: Rat Pêni [Indië]. (kembali) |
59 | sapatrungkon (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.43.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.38.4). (kembali) |
60 | kang ngambil. (kembali) |
61 | bêdhil. (kembali) |
62 | prawata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.1.5). Bandingkan: gunung (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.1.5; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 188.3.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.1.5). (kembali) |
63 | wong (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.3.2). (kembali) |
64 | Kurang satu suku kata: ingsun datan duwe rêmbag. Bandingkan: tan ana kang darbe rêmbag (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.9.1); tan ana adarbe rêmbag (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.7.1); manira tan darbe sêdya (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.9.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.9.1). (kembali) |
65 | ingungsenan. (kembali) |
66 | anèng ngarsa (dan di tempat lain). (kembali) |
67 | amasthi. Bandingkan: amêsthi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.23.5); pasthi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.22.5); pêsthi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 188.24.5). (kembali) |
68 | tandange. (kembali) |
69 | manêmbah. (kembali) |
70 | sultan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.46.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.50.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.51.5). (kembali) |
71 | pan nauri. (kembali) |
72 | Kurang satu suku kata: sadaya pan anauri. (kembali) |
73 | kumpul. Bandingkan: akumpul (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.56.5). (kembali) |
74 | anyuba-nyuba (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.60.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.60.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.59.4). Bandingkan: angupasuba (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.55.4). (kembali) |
75 | Saradênti (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.61.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.56.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.61.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.60.2). (kembali) |
76 | ngabdèkkên. Bandingkan: angabdèkakên (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.65.7). (kembali) |
77 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: sampun wontên kang tumut-tumut kewala (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 109.4.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.4.9); sampun wontên tumut-tumut magut yuda (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.4.9). (kembali) |
78 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Tumênggung Toyamas nênggih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 109.7.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.7.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.7.4). (kembali) |
79 | pêpêk kang (dan di tempat lain). (kembali) |
80 | Raad van Indië (dan di tempat lain). Lihat juga: Rat Fêni. (kembali) |
81 | prapta (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 109.36.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.36.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 190.3.6). (kembali) |
82 | Kurang satu suku kata: sigra Ki Arya Sindurja. Bandingkan: Arya Sindurja gya mêdal (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 109.44.3); Arya Sindurja tur sêmbah (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.44.3); Arya Sindurêja mêdal (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 190.11.3); Arya Sindurja gya mêdal (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.44.3). (kembali) |
83 | Madura. (kembali) |
84 | Anglurug (dan di tempat lain). (kembali) |
85 | samapta. (kembali) |
86 | sinapan (dan di tempat lain). (kembali) |
87 | aparêk (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.59.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 131.48.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.48.1). Bandingkan: apêrêk (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 110.48.1). (kembali) |
88 | marakkên. (kembali) |
89 | mangsah (dan di tempat lain). (kembali) |
90 | kasangsang (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.57.6). (kembali) |
91 | iringnya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 110.63.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.74.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 131.63.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 194.5.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.63.1). (kembali) |
92 | akulithihan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 110.65.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.76.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 131.65.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.65.4). (kembali) |
93 | angairit. (kembali) |
94 | tandangnya (dan di tempat lain). (kembali) |
95 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Surapati nêdha sampun kalayatan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 110.72.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.81.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.72.1); Surapati nêdha sampun kêlayatan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 194.14.1); Surapati nêtdha sampun kêlayatan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 131.72.1). (kembali) |
96 | Kurang satu suku kata: apanggih lawan dasih. Bandingkan: panggih lan wadyanèki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 110.75.7); wus panggih lan wadyèki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.84.7); panggih lawan kang abdi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 194.17.7); kapanggih lan kang abdi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.75.7). (kembali) |
97 | Kurang satu suku kata: tan pisah lawan gusti. Bandingkan: tan pisah lawan gusti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.86.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 131.77.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 194.19.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.77.7); tan ana sah lan gusti (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 110.77.7). (kembali) |
98 | ing ngarsanira (dan di tempat lain). (kembali) |