Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 22–34)
1. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
2. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 13–21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
3. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 22–34). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
4. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
5. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 46–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
6. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 50–59). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 99r lanjutan] ---
22. Dhandhanggula
1. angandika sang sri narapati | marang Radèn Ayu Sindurêja | hèh ta sira prayogane | ngatêrna putraningsun | tur sandika dyan ayu patih | putra-putri manêmbah | ngaras pada prabu | kinanthi ing sori nata | para gêrwa angatêrakên ing wijil | sapraptanirèng jaba ||
2. wus nitih joli ing Srimanganti | pangran nitih kuda Brajanala | miyos ing gêdhong lampahe | prapta ing alun-alun | pra punggawa atata baris | myang wadya kadipatyan | swaranya gumuruh | atata baris malatar | asêsiyung ing marga kang anambungi | sagung nayaka jaba ||
3. wong Kapugêran nulya nêpungi | joli lumampah anèng ing têngah | Barangin sêsinggahane | ikang mradăngga umyung | sagung ikang sinapan muni | lir ruging kang parwata | swaranya gumuruh | orêg kang wong sanagara | anêningal sêk pênuh tirahing margi | wong desa padha prapta ||
4. sagung nayaka ing jro myang jawi | samya gumarêbêg ing Pangeran | Dipati Anom lampahe | tan kawarna ing ênu | praptèng Kapugêran kawarni | Pangeran Pugêr mapag |
--- [f. 99v] ---
ing wijil mring mantu | ingiring para rinira | Pangran Arya Panular Arya Matawis | miwah kang para putra ||
5. têdhak saking wahana sang prapti | pangran ngabêkti dhatêng kang paman | sang dyah kinanthi ibune | wusing ngaturan mangsuk | pra rabining punggawa ngiring | sagung para nayaka | punggawa nung-anung | samya kandhêg ing paseban | pinanggihan ing Pangran Arya Matawis | lan Pangeran Panular ||
6. sinêngkalan Pangeran Dipati | pakramane lan Dyan Ayu Lêmbah | wong nêmbah rasa tunggale |[1] akasukan sadalu | enjing kundur Pangran Dipati | sagung punggawa samya | umiring sadarum | nèng kadipatèn kasukan | tandhak laran-laran sadina sawêngi | enjing pratiwa bubar ||
7. sang pinangantyan ingkang winarni | Pangran Dipati asih-sinihan | ipe kang dèn rakêtake | Dyan Suryakusumèku | pinundhut ing Pangran Dipati | arinira sadaya | tan ana kang tumut | aseba ing kadipatyan | amung Radèn Suryakusuma piniji | mangkana kang winarna ||
8. Jêng Pangeran Dipati kalaning | lênggah akalihan lan kang gêrwa | made panirat prênahe | tansah akaron lulut | sih-sinihan jalu myang èstri | agung among asmara | mangkana winuwus | nimbali Radèn Sudira | prapta ngarsa ngandika Pangran Dipati |
--- [f. 100r] ---
hèh sira yayi êmas ||
9. apa uwis aduwe kêkasih | matur anêmbah ikang tinanyan | inggih sampun kawulanggèr | sinukanan jêjuluk | dhatêng paman paduka gusti | wasta Suryakusuma | pangeran ling arum | iya sêdhêng aranira | lan si adhi sapa kang uwis sêsilih | radèn matur anêmbah ||
10. pun adhi Mêsir sinung kêkasih | nênggih Rahadèn Martataruna | pun adhi Papak namane | Radèn Ăntawiryèku | lan pun adhi Kawa kêkasih | Radèn Dipataruna | pangeran amuwus | lah adhinira Si Surya | sapa rane rahadyan matur ngabêkti | awasta Suryaputra ||
11. Pangran Dipati ewa ing galih | wêdharing sêbda amatrawisa | mengo arêngu netyane | angling sarwi angêmpus | nora jamak anggêgilani | jênênge Suryaputra | alah ta durnadur | warahên sun lih arana | Radèn Wăngsataruna bae abêcik | ja jênêng Suryaputra ||
12. salawase Pangeran Dipati | ewa ing manah lamun tumingal | mring putra Kapugêrane | kang samya darbe ibu | gêrwa padmi padha sinêngit | mung Dyan Suryakusuma | kinasihan langkung | sinung tan basan-binasan | saking sihe sira Pangeran Dipati | mring Dyan Suryakusuma ||
13. amit anêmbah
--- [f. 100v] ---
ingkang tinuding | radèn ayu anglêk ing wardaya | myarsa wuwuse kakunge | aris dènira matur | dhuh kawula nanêdha ugi | bok sampun sapunika | marang kadang isun | sintên gène angêmpèka | lamun dede kang kawawa mêngku bumi | gène ngaub kèringan ||
14. nora wuwuh jinujung[2] alinggih | wong duwe ipe putraning raja | mundhaka kaluhurane | têka saya kalungsur | mundur jênêng dèn lêlarangi | wong jênêng Suryaputra | jinujung durnadur | sinalinan Wăngsatruna | sêmunipun asiya-siya kapati | maring sadulur ingwang ||
15. eman sadulurku wong asigit | têka dèn wèhi ran Wăngsatruna | babêkêl desa pantêse | kang duwe jênêng iku | Pangran Adipati ling aris | saryya mèsêm ing garwa | lah ora riningsun | Si Surya ran Wăngsatruna | wis prayoga tandhane yèn kadang mami | aran pêparing ingwang ||
16. radèn ayu sumaur abêngis | batine manèh lamun bêcika | ujar padu jiwa bae | laire nora patut | sang dyah sangêt sakiting galih | sinamur pagujêngan | ing jro driyanipun | kalintang ing jarêmira | nahan Radèn Suryakusuma winarni | prapta ing Kapugêran ||
17. wus apanggih kalawan kang rayi | Radèn Suryaputra [Suryapu...]
--- [f. 101r] ---
[...tra] binisikan | dhimas wêruhanta mangke | jênêngira pinundhut | dening anggèr Pangran Dipati | lan sira pinatêdhan | ran Wăngsatrunèku | lah ta paran aturira | Radèn Suryaputra datan anauri | mênêng asêmu waspa ||
18. ingkang raka angandika aris | adhuh yayi mas sadulur ingwang | mundur têka kaya rare | jamak wong ngawulèku | iya anut karsaning gusti | nadyan dèn aranana | Si Krêti ya anut | apa karsaning bêndara | pirabara Hyang Agung asih ing dasih | asinung kaluhuran ||
19. witning bok ayu kaliwat runtik | amiyarsa yayi jênêngira | pinundhut maring kakunge | ingsun watara padu | sapungkurku lah mayo yayi | padha marêk ing rama | angaturi wêruh | sapraptanira ngajêngan | Radèn Suryakusuma matur ngabêkti | kawula tur uninga ||
20. karsanipun Pangeran Dipati | pun adhi Suryaputra punika | mangke pinundhut namane | pinatêdhan lêlintu | Wăngsatruna kang rama angling | iya kinapakêna | karsaning wong agung | jamaking wong angawula | yêkti anut sarèh bawane ing gusti | lah iya pira-pira ||
21. sinaruwe mring kang duwe nagri | rumasaa kalamun kawula | tan bisa andum amilèh | sakarsaning Hyang Agung | aja sira duwe saksêrik | yêkti manggih duraka | parentah [pa...]
--- [f. 101v] ---
[...rentah] wong agung | lamun ora kalakona | miwah sira Sudira dèn bisa ngabdi | aja dumèh yèn kadang ||
22. lan aja dumèh yèn dèn kasihi | wong agung uga dudu sasama | dèn awas wêwatêkane | aja kaparèng ngayun | putra kalih sumukêm[3] siti | ngaras pada karuna | kang rama ling arum | hèh Sudira wus sebaa | aja suwe sira dinuta ing gusti | aturêna sandika ||
23. manêmbah ikang tanaya kalih | lèngsèr saking ngarsane kang rama | Radèn Suryakusuma ge | lajêng ing lampahipun | sebèng kadipatyan wus prapti | ngabyantara tur sêmbah | inggih anggèr sampun | kadhawuhkên kang timbalan | ing pun adhi sandika aturing gusti | mèsêm Pangran Dipatya ||
24. nahan gantia ingkang winarni | kang anglurug mring Gênthong kawarna | katimbalan mantri anèm | aglising lampahipun | saha mundhi surating aji | tan kawarna ing marga | risang duta rawuh | pasanggrahan surat nata | wus dhinawuhakên ing sang adipati | ing Sampang tinupiksa ||
25. kawêngku saniskaraning tulis | mring Dipati Sampang Cakraningrat | agya nimbali mantrine | ikang andêl ing kewuh | titir ikang dinutèng rêpit | ran Răngga Malangjiwa | wus prapta ing ngayun | binisikan winawêkas | sira
--- [f. 102r] ---
Rangga Malangjiwa nêmbah amit | lèngsèr datanpa rewang ||
26. lêpas lampahe datan winarni | Sang Dipati Sampang kang winarna | ing saungkure dutane | kèn animbali gupuh | ing sakèhe para dipati | Jangrana Surapringga | kang prapta rumuhun | nulya sagunging nayaka | pêpêk undhang samya bubarakên baris | lumakyèng Kartasura ||
27. kacarita gènira abaris | tugur anèng Gênthong pra dipatya | jangkêp sawindu lamine | kawarna kang lumaku | maring Pasêdhahan wus prapti | Ki Răngga Malangjiwa | wayah têngah dalu | tumamèng jro marganira | lawang kêbon bêbutulan wus apanggih | duta lan Surapatya ||
28. wus katampèn saliring prakawis | duta nulak agya kawarnaa | kang bubarakên barise | Dipati Madurèku | myang dipati ing Surawèsthi | kêmput bubar sadaya | swara tri gumuruh | wadya gung tanpa wilangan | tan antara balanira Surapati | prapta ngobar pondhokan ||
29. dutanira ing Sampang Dipati | wau sira Rangga Malangjiwa | pan wus nunggal lan kancane | lampahira anglarug | tan kawarna lamining margi | ing Samanggi wus prapta | mrêgil kilèn banyu | sadalu enjinge budhal | manjing maring nagara Kartasurèki | anjujug Kasindurjan ||
30. sinugatan ing radèn apatih |
--- [f. 102v] ---
sakathahe kang para dipatya | munggèng pasewakan rame | nulya na duta prabu | animbali dipati kalih | ing Sampang Surapringga | lumampah agupuh | tan kari radèn apatya | prapta ing Srimanganti kang prawara tri | ngandikan manjing pura ||
31. prapta ngarsa sumêsêp pada ji | tustha myat marang punggawanira | ing Sampang Surabayane | angandika sang prabu | liwat onêng ingsun ing ati | pira lawase mangkya | wus gênêp sawindu | kalih samya pinaringan | busana di manêmbah wus samya mijil | tri mulih maring wisma ||
32. kawarnaa Pangeran Dipati | Anom ing mangkya wus karsaning Hyang | yèn jodho mradangi bae | lan gêrwa sang rêtna rum | tansah sira awawan pikir | sakarsanya tan rêmbag | lan gêrwa katutuh | sira Pangeran Dipatya | darbe sêlir kêkalih samya yu lêwih | langkung ingêla-êla ||
33. supe maring gêrwa sang lir suji | kulinèng sêlir kalih punika | pêpundhutan saking Ngonje | angsalira karuhun | dasihira Pangran Dipati | aran Ki Pakujaya | ikang asêsunu | langkung sihira pangeran | dadya sira Dyan Ayu Lêmbah gumingsir | purik mring Kapugêran ||
34. Radèn Suryakusuma pan maksih | anèng jro dalêm ing kadipatyan | ya ta kawarna sang raje | nutur carita dangu | amangsuli tutur kang dhingin | duk bêdhah Giripura | sang nata
--- [f. 103r] ---
amundhut | putrane Pangeran Ngarga | warna ayu milane kinarya rabi | dening Sri Amêngkurat ||
35. pan ing mangke Radèn Ayu Giri | wus tri wulan gyanira lênggana | lamun ingandikan sare | dhumatêng sang aprabu | aturira Dyan Ayu Giri | matura ing sang nata | pan wis bosên ingsun | alaki lawan narendra | ya ta katur sang nata tindak pribadi | marang ing prênahira ||
36. tan adangu sang nata gya prapti | ing prênahira Dyan Ayu Ngarga | manêmbah sang nata linge | apa nyata mas ayu | sira bosên laki ing mami | matur Dyan Ayu Ngarga | pan inggih satuhu | sang nata malih ngandika | apa sira yayi arsa laki maning | radèn ayu tur sêmbah ||
37. inggih yèn wontên lilah narpati | angandika sira pilihana | sapa kang dadi sênênge | Bupati Kartapurun | matur nêmbah Dyan Ayu Giri | dhuh susunan kawula | kalangkung anuhun | alaki wong Kartasura | datan arsa kawula ajênga laki | wong pasisir kewala ||
38. angandika sang sri narapati | alah iya yayi pêpaèsa | ingsun kang malakèkake | sang nata nulya kondur | animbali sang adipati | ing Sampang Cakraningrat | tan adangu rawuh | ing pura lajêng ngandikan | prapta ngarsa manêmbah anikêl warti | sang nata angandika ||
--- [f. 103v] ---
39. hèh yayi mas sira arsa krami | lamun arsa ya sira matura | ingsun kang marabèkake | Dipati Sampang matur | lamun saking karsa nêrpati | paran gène suminggah | ing karsa pukulun | sêmana sri naranata | pan wus akèn nimbali Dyan Ayu Giri | marêk ing naranata ||
40. angandika aris sri bupati | adhi êmas lah sira piliha | èstri kang dadi sênênge | kang anèng wuriningsun | sang dipati mangkya ningali | èstri yu pinaesan | Pangran Madura wus | anduga sêmuning nata | tur pranata punika kawula apti | kang sinjang cindhe kêmbang ||
41. kampuh limar wungu udhêt kuning | mèsêm ngandika sri naradipa | lah sira pondhonga age | banjur gawanên mantuk | gya Pangeran Sampang nguculi | kampuh kumitir kala | ngandikan ing wau | tan mawi akêkulukan | sêsondheran manêmbah sang adipati | dyan ayu gya ingêmban ||
42. binêkta mêdal ing Srimanganti | wus pinaringan kang upacara | bokor lancang pangidone | gantya ikang winuwus | wau sira Radèn Apatih | Ariya Sindurêja | wicaksanèng sêmu | limpad pasanging graita | lêpasing dêduga wignya ngadu budi | wahyaning măngsa kala ||
43. duk kalanira Sang Adipati | Sampang ngandikan agagêpahan | animbangi watarane | pandaming tyas sru murub | marmanipun mangkya pratali | pratamaning [pratama...]
--- [f. 104r] ---
[...ning] sujana | awase ing laku | dyan patih wus asawega | mangkat nangkil age-age gawa joli | praptaning panangkilan ||
44. wiwaraning wani bisa tuwi | amrayoga kêliring watara | duga-duga pandêlinge | radèn nulya tumanduk | joli kari jawining kori | praptaning Srimangantya | parêng wêdalipun | Ki Adipati Madura | mêdal saking jro pura ngêmban pawèstri | mèsêm Radèn Sindurja ||
45. saha ngandika radèn apatih | bagya gêng pangran wus parêng mêdal | Radèn Sindurja dêlinge | mring Pangran Madurèku | lah kondura pangeran dhingin | marang ing pasanggrahan | dening radèn ayu | punika kawula bêkta | apanggiha ing Kasindurjan prayogi | pangeran tan sawala ||
46. lajêng bubar pangeran rumiyin | mulih maring pondhok Kasampangan | dyan ayu tinitihake | ing joli glis lumaju | maring Kasindurjan wus prapti | sagung para dipatya | pasisir akumpul | anèng wisma kapatihan | Pangran Sampang ing Kasindurjan pêk sami | rêmbag kang arsa nikah ||
47. wusnya nikah sira Sang Dipati | Sampang lawan Radèn Ayu Ngarga | tan winarna patêmone | ganti ikang winuwus | ing jro pura sri narapati | myarsa kang putra tukar | ing mangke kang mantu | angubon nèng Kapugêran |
--- [f. 104v] ---
naradipa langkung sungkawa ing galih | sêmanarsa putusan ||
48. wontên abdi karakêt ing puri | têtiga samya wong suranata | Ki Ăngga lawan Ki Êsèh | karakêt ing sang prabu | satunggile Ki Sarawadi | ingandê[4] saba pura | sabinira na jung |[5] sakikil katiga pisan | tinimbalan prapta ngarsa mangênjali | sang nata angandika ||
49. Ăngga sira lan Si Sèh sun tuding | lumakua maring Kapugêran | wong roro miyanga age | rong prakara lakumu | atakona marganing nguni | putraningsun ni rêtna | purik wus satèngsu | apa kang dadi wiwitan | kapindhone sira matura ing yayi | yèn ingsun mundhut pola ||
50. dèn gawèkêna maring si adhi | polane Ki Maesapanular | lan polane Ki Palèrèd | ingsun arsa anurun | antènana gène akardi | Ki Ăngga Sèh manêmbah | lampahira gupuh | praptèng dalêm Kapugêran | jêng pangeran pinarêk ing masjid alit | satirahing balumbang ||
51. kampita mulat Ăngga Sèh prapti | ingawe gêpah maringajêngan[6] | ragane baya kinèngkèn | wusnya timbalan dhawuh | Ăngga Êsèh mêndhêk ngabêkti | gusti ămba dinuta | ing raka pukulun | andangu putra sang rêtna | milanipun alami wontên ing ngriki | pangeran angandika ||
52. iku ingsun ora angawruhi | yèn gustinira apêpurikan | durung myarsa pawartine | durung têtakon [têta...]
--- [f. 105r] ---
[...kon] ingsun | gusti durung amatêdhani | wikan maring manira | lan durung tatêmu | Ăngga lawan gustinira | ing bêcike sira têmua pribadi | kalawan gustinira ||
53. pariksanên purwane apurik | umarêka maring patamanan | ing kono gustimu gone | Ki Ăngga Sèh andhêku | matur nêmbah anuwun ajrih | nglakungi[7] karsa nata | kaping kalihipun | rakanta amundhut pola | polanipun ikang pusaka kêkalih | paduka karyakêna ||
54. kawula gusti kinèn ngantosi | polanipun Ki Mesapanular | lan polane Ki Palèrèd | rakantarsa anurun | jêng pangeran angandika ris | kyai bae aturna | dadak apa kudu | kasuwèn agawe pola | Ki Ăngga Sèh manêmbah umatur ajrih | kawula tan kalilan ||
55. ambêktaa dhumatêng kiyai | rakanta mundhut têpa kewala | pangeran pangandikane | ja sira walang kalbu | pangran akèn amundhut aglis | marang ikang dinuta | Ki Sèh tampi dhuwung | waos sinungkên Ki Ăngga | mêsat saking Kapugran ikang winarni | ing pura naradipa ||
56. saungkure Ăngga Sèh sang aji | Ki Sarawadi ika dinuta | mrasadu mring kadipatèn | atakon patihipun | Soda tan angaku duta ji | Ăngga Sèh kawarnaa | mangsuk pura rawuh | ngarsa nata kagyat mulat | yèn Ki Ăngga Êsèh
--- [f. 105v] ---
anggawa Kiyai | Palèrèd Mesanular ||
57. langkung dukane sri narapati | sirating wadana winga-winga | garap asru andikane | langar têmên sirèku | ingsun ora mundhut kiyai | Ăngga Sèh langku[8] marah | pêjah gêsang katur | pan dede saking kawula | saking sêtyanipun ari paduka ji | milamba kèn ambêkta ||
58. naranata ajrih aningali | agya sami kinèn amangsulna | ingsun mundhut pola bae | Ki Ăngga Sèh gya mundur | tan angrasa adarbe urip | sapraptanirèng jaba | parentah amundhut | jajaraning wong Kaparak | songsong jêne Ki Ăngga Sèh lampahnya glis | prapta ing Kapugêran ||
59. Ăngga Êsèh matur awotsari | kawula gusti asru dinukan | ing raka paduka raje | winastan purun-purun | ambêkta kang pusaka kalih | kadya tinêlasana | kawula pukulun | saking sangêting kang duka | Jêng Pangeran Pugêr mèsêm jroning ati | nulya agawe pola ||
60. tan adangu pola nulya dadi | sinung ing duta manêmbah mintar | prapta ingarsa nata ge | pola agya pinundhut | Ki Ăngga Sèh matur prakawis | putra nata sang rêtna | nênggih wontênipun | Kapugêran rita narpa | salamine dèrèng wikan ing pawarti | lan dèrèng apêpanggya ||
61. lawan putra miwah sang apêkik | dèrèng wontên maringi uninga | mring kang
--- [f. 106r] ---
paman salamine | langkung èmêng sang prabu | Sarawadi sêmana prapti | ngajêngan tur pranata | putra jêng pukulun | milane sêlayèng driya | winastanan sang rêtna kagêdhèn galih | nora mambu wanodya ||
62. datan kêni wiraos kasliring | nuntên runtik mila jêng pangeran | dadya atêbih galihe | tansah adudon kayun | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | ambêk budi walaka | gêrwa ambêk sadu | sang nata agung sungkawa | dening putra tan patut dènnya akrami | ganti kang winuwusa ||
63. samana undhang wadya gêng alit | nata akarya sagara yasa | kilèning pura prênahe | tan ana ikang luput | wong pasisir măncanêgari | miwah wong Kartasura | myang sadagar ngindhung | samya kinêrig sadaya | sipat lanang têkèng rare kênèng kardi | yèn dêdêg limang kilan ||
64. tan kawarna laminira dadi | boja pêksa rasaning pratala |[9] angkaning warsa dadine | tur ingingonan bajul | wiyar ajro toyanya wêning | tan antara sawarsa | karya urung-urung | giring sangsam sing Mataram | satêpining sagara yasa kinardi | wêwadhah kinarapyak ||
65. asring cinangkraman ing sang aji | anyukakakên manahing bala | punggawa ngêmbari banthèng | mangka ta sang prabu |[10] ngarsakakên ayasa masjid | agêng ikang pinola | Dêmak masjidipun | kang lama mêntas kobaran | dhasar alit milanira sri bupati [bupa...]
--- [f. 106v] ---
[...ti] | mangkya lagi ayasa ||
66. ya ta sinigêg ikang winarni | Radèn Apatih Arya Sindurja | ikang winarnaa manèh | pan sampun asêsunu | jalu warnanira apêkik | dadya pêpujèning dyah | kalangkung abagus | pan dadya sêkaring praja | ambêranyak manah agêng ambêk wani | kêkasih Radèn Sukra ||
67. wus diwasa kondhang para manis | titiring jana akarya brangta | pan kinarya kêmbang lambe | sanadyan sami kakung | rêsêp lamun mulat sang pêkik | jalu èstri katrêsnan | dening bagusipun | tur putus saliring karya | pramèng kawi graita pasang lêlungid | sasiptanira limpad ||
68. mangkana Radèn Sukra nujoni | sinuruhan marang wong angarak | pan kinarya sasêkare | angarak ngalun-alun | anujoni Pangran Dipati | ningali mor ing wadya | kagyat duk andulu | Radèn Sukra nitih kuda | atatêgar anèng satêngahing baris | busana obra muncar ||
69. pangran andarbèni panas ati | angandika dhumatêng kawula | sapa kang tatêgar kae | nèng têngah baris agung | Patih Soda matur wotsari | gih punika pun Sukra | Sindurja kang sunu | pangeran aris ngandika | timbalana Si Sukra mring ngarsa mami | kondur ingiring wadya ||
70. langkung panasing driya ningali | mring Dyan Sukra pangeran pinarak | anèng pinggir bata gêdhe | ingkang wadya angumpul | sagung ikang para kêkasih | miwah [mi...]
--- [f. 107r] ---
[...wah] para lêlurah | Lurah Wirakabluk | Sutakithung Jagatngampar | Kontholbêlang Sutingwon lan Gagarusit | tanapi Bajodharat ||
71. Krêtipenjol lawan Sêcaluthik | samya sumiwi tarap ingarsa | Dyan Sukra praptèng ngarsa ge | ingawe maringayun[11] | majêng nêmbah anikêl warti | pangran panas ing driya | myat ing bagusipun | tan ana marganing dosa | gya Pangeran Dipatya ngêjèpi dasih | parêng ngêbyuki Sukra ||
72. sinêndhal dhuwungira wus kêni | gya binêsta Dyan Sukra lingira | kawula tan dosa anggèr | pangeran ngandika sru | lah mênênga aja baribin | dening kawênang-wênang | angkuh-piyangkuhmu | tatêgar têngah gêgaman | iya maning nora nana wong jalanthir | kang anèng pungkurira ||
23. Pangkur
1. Radèn Sukra pinilara | tinabokan ana ikang bithèni | maripat jinêjêl sêmut | irêng lawan karangrang | Radèn Sukra tobat-tobat sambatipun | punapa dosa kawula | sampun aniaya gusti ||
2. amilara tanpa dosa | gya pangeran akèn anyêmut malih | wadana sinokan sêmut | Radèn Sukra karuna | jinêjêkan angrungkêb kagulung-gulung | sêsambatira mlasarsa | gulasahan anèng siti ||
3. maksih asru ginitikan | nulya têdhak Jêng Pangeran Dipati |
--- [f. 107v] ---
kondur sawusira jagur | radèn sampun tinilar | guladrahan anèng satirahing lurung | kalangkung kawêlasarsa | ponakawane marani ||
4. nulya ginendhong binêkta | Radèn Sukra mêrêm lathinya malik | jongor netra ngêmu marus | gègèr wong Kasindurjan | ting balêbêr ing marga kang mapag tandhu | sapraptaning Kasindurjan | umung swaraning kang tangis ||
5. Rahadyan Arya Sindurja | myat ing sunu tan bisa aningali | tinutur purwaning wau | radèn patih bramatya | sumung-sumung sotyandik abang ngêmu luh | jaja lir mêdal dahana | sêkalarsa supèng gusti ||
6. dening suta tanpa dosa | pangran liwat luwih sikarèng dasih | rinapu pra rabinipun | dyan patih ginendholan | mring kang gêrwa Dyan Ayu Pucang amuhun | lilih tyasira apatya | mênêng datan kêna angling ||
7. putra sampun ingusadan | dening para ibu sapta ri mari | waluyèng mrêk ngrama matur | kawula mit pralaya | dalu warsa[12] mring kadipatèn angamuk | anglangi ganjur purancak | arêramon pêdhang tamsir ||
8. kalangkung wiranging nala | datan ajrih kawula gênti kêris | miwah kantarana lawung | lan Pangeran Dipatya | kacarita Rahadèn Sukra angingu | wadya Bugis têtumbasan | pitung dasa kèhirèki ||
9. kajawi wonge kang rama | samya arsa pradangdanan [pradang...]
--- [f. 108r] ---
[...danan] ing jurit | watara ana wong satus | sira radèn apatya | sru nayuti pituturing putranipun | trapêna mujadahira | ngrasaa kalamun dasih ||
10. wus jamake wong ngawula | anglakoni apa sarèhing gusti | nadyan tumêka ing lampus | paran gène suminggah | ing wong agung ilafatolah ranipun | iya jênênging kawula | tan kêna andum amilih ||
11. Radèn Sukra jrih ing rama | nanging manahira supe ing gusti | tansah ngunadikèng[13] kalbu | angulari marganya | ikang yugya bisaa atêmu lawung | lan Pangeran Adipatya | ingajap gantia kêris ||
12. rahadèn emut ing driya | ywan gêrwane Pangeran Adipati | gumingsir sing dalêmipun | angubon[14] Kapugêran | sun jajale sun sanake sang dewa[15] yu | mangkana unadikanya[16] | malar ta dadia margi ||
13. nimbali pamomongira | Singanănda lan Patrawisa prapti | ngarsane binêtèng pungkur- | an dalêm gandhèk wetan | binisikan bapa apa sira ngrungu | wartane Dyan Ayu Lêmbah | gêrwane Pangran Dipati ||
14. purik anèng Kapugêran | pan kinubon apa marganing uni | êmbane alon umatur | kawarti saking jaba | radèn ayu kawon gènipun mêmaru | lawan sêlir pêpundhutan | saking Ngonje minggah rabi ||
15. mila radèn ayu linggar | makya[17] akêkuwu nèng langonsari | wingi [wi...]
--- [f. 108v] ---
[...ngi] kawula martamu | wismaning pasanakan | Kapugêran pun Jamêrta tuturipun | sabên sore sang lir rêtna | nèng panggung katon sing margi ||
16. anglena lamun pinarak | lan enyane kadya nglêlipur wingit | onêng dhatêng kakungipun | datan sinapèng rama | pinrih agya mantuka mring dalêmipun | dêdugine pun Jamêrta | Rahadèn Sukra ling aris ||
17. bapa age kambilana | jaran ingsun kore ran Si Nirwati | kuda ngulês pêthak mulus | pan agya kinambilan | kang saryya sri rêrahab baludru wungu | palisir cindhe puspita | binadhong kancana rukmi ||
18. bubat buntut kêkuncungya[18] | pinulasan satugêl nila wrêdi | radèn abusana sampun | golang-galing nyampingya[19] | ijo apaningsêt jingga mas akuluk | cêmêng panitis asumpang | sumarsana anyapêlik ||
19. dhasar abagus warnanya | ambêranyak lir atmajèng Drawati | ingiring pankawanipun | awatara sadasa | êmban kalih tan kari praptèng lêlurung | radèn wus nitih turangga | samarga-marga anyirig ||
20. kang sinêdya Kapugêran | pungkurane arahira maripit | bata patamanan santun | kang lèr tirahing marga | tatêrusan pinggir kali kang marga gung | nahan gantia kawarna | kang tansah anahên wingit ||
21. sira Radyan Ayu Lêmbah |
--- [f. 109r] ---
kang sayana anèng ing tamansari | angewani kakungipun | wus angsal kalih căndra | anèng Kapugêran sira radèn ayu | tansah tajin dhahar nendra | kang cahya saya dumêling ||
22. samana mêntas asiram | kadya gambar winangun ingkang munggwing | lalêpiyan sri dinulu | risaking pasariran | imbah manis nglong jiwa jaja ngênguwung | lir laywaning sumarsana | wadana anawang sasi ||
23. mangsanira ping patbêlas | karainan piningit ing ma nipis | riyêm-riyêm asung wuyung | ulat mandam kanginan | yèn lumampah wor kêjêping alis barung | pracalitanya srawungan | lir kilat thathit barungi ||
24. mangkana sang kadi rêtna | mêntas siram pan lagya dèn surèni | marang ikang para babu | rema sri ăndrawela | gyannya linggih sang ayu anèng ing panggung | asinjang cindhe kênanga | kakêmbên jingga tinêpi ||
25. lir pindah Si Ni Supraba | kang wong priya yèn mulat ing sang dèwi | mangu atêmahan wuyung | nadyan modin kasanglat | kagyat mulat ing wong tatêgar ing pungkur | taman amaripit bata | kang ngiring-iring anêbih ||
26. sang dyah aris angandika | sapa ika tatêgar bala bali | ngungak bata taman santun | sang juwita tumêdhak | êmbanira kêkalih ngiring umatur | manawi raka paduka | sampun age têdhak gusti ||
--- [f. 109v] ---
27. sang rêtna ris angandika | dudu kangmas dening kêdhik angiring | lan măngsa panglinga ingsun | biyang marang kakang mas | hèh wong ika nganyar-anyari sun dulu | dyan ayu amundhut tăndha | biyang pasangên dèn aglis ||
28. ing bata dyan ayu minggah | jinaganan marang êmban kêkalih | ngăndha ikang jaja manglung | candhikala sumirat | wayah pukul lima sang dyah gènnya manglung | ngalor ngulon kuningira | surating arka nêmpuhi ||
29. kuninge wadana nawang | sitarêsmi pracalita barungi | Rahadèn Sukra andulu | sigra marêpak bata | parêng paguting liring parêng kumêpyur | kalihe tanpa jamuga | kamantyan kanyaran ngaksi ||
30. Dyan Sukra api tan wikan | pan sinamur nyirigakên turanggi | dènnya myat marang sang ayu | ngadêg suraning nala | datan etang ing wuri manggiha lampus | supe wadakaning driya | sangêting asmara kingkin ||
24. Asmaradana
1. inyane sang dyah satunggil | kang tumut minggah ing ăndha | nulya kinèn atêtakon | ni enya aris angucap | bagus manira tanya | sapa ranira dinangu | ing gusti radèn saurnya ||
2. kawula anaking[20] Patih | Sindurja aran pun Sukra | punika aran duk rare | apêparab Nata Dirja | nging dèrèng pati karan | sang rêtna dènnya ngling asru | kalinganeya Si Sukra ||
3. bagus warnanira sêbit |
--- [f. 110r] ---
nanging diksura ing tingkah | nora angeman baguse | anganggo kawênang-wênang | konangana kakang mas | pasthi sirahira jabud | wong daladah nora prênah ||
4. mèsêm Radèn Sukra angling | baguse măngsa karia | kalalawan dipati anom |[21] wani atakêr ludira | ngêndi gènnya panggiha | wani kantarana bau | tan ajrih gênti curiga ||
5. wus kasêdya siyang latri | kawula anglangènana | ganjure wong kadipatèn | sarwi anabêturangga[22] | kuda nandêr anyongklang | kang tinilar kari mangu | gagêtun ing polahira ||
6. tumêdhak sang kadya sari | aris dènira ngandika | Si Sukra tuhu anglamong | baya kênèng sèpi anyar | pangucape Si Sukra | apa ika mau kaul | enyane matur anêmbah ||
7. watawis kawula gusti | pun Sukra punika kalap | mulat ing sang kadi sinom | dhuh gusti sintên-sintêna | wong lanang myat paduka | pasthi pra kakang pra kukung | yèn tan panggih dadi edan ||
8. mung raka paduka gusti | Kangjêng Pangeran Dipatya | wong anèh-anèh narwètèh | ewa ningali paduka | kangjêng gusti pangeran | yèn ta sampuna wong agung | kalêbu wong gagêmblungan ||
9. Rahadèn Sukra winarni | wau dènira tatêgar | anyandêr pan dèrèng adoh | cangkelak wangsul sakala | maripit bata [ba...]
--- [f. 110v] ---
[...ta] taman | tiningalan ikang manglung | laleyan wus nora nana ||
10. kudane sinabêt aglis | nadêr[23] mulih Radèn Sukra | sring mandhêg mangu lampahe | sapraptanira ing wisma | têdhak lajêng anindra | sirêp rare nulya wungu | maring kêbon pêpungkuran ||
11. anamur-namur kang wingit | anuju tanggal ping sanga | riyêming sitangsu ngayon | katon kang manglung ing bata | kêkuwu anèng tingal | kasabêt asmara wuyung | Radèn Sukra gadêbugan ||
12. tansah sambat-sambat mati | mèh lali purwa duksina | mung radèn ayu nèng tyase | sêsèndhèn jambu drêsana | rêngêng-rêngêng ngrarêpa | angura-ura angidung | kidung rarêpi winarna ||
13. adhuh gusti duk ing nguni | kang dukani wong tatêgar | gandês luwês saujare | mandah sajroning paprêman | kang awèh larasmara | dasihe nêmahi lampus | wurunga angèstupada ||
14. êmbane kalih ngulati | Patrawisa Singanănda | kapanggih anèng ing kêbon | sêsèndhèn jambu drêsana | kalih parêng anêmbah | dhuh anggèr andika emut | sampun anglantur ing karsa ||
15. emuta kalamun dasih | punika dede sasama | kang darbe rat Jawi kabèh | kinarsakêna punapa | yèn gusti kang akarsa | nadyan kinaryaa lampus | sayogya kang matènana ||
16. Rahadèn Sukra ambêkis | hèh
--- [f. 111r] ---
bapa rika mênênga | iya sun labuhi dhewe | sanadyan dadia lesan | ingsun dhewe kang nandhang | tumêkaa lara lampus | sun ambyur sagara braja ||
17. bapa sun arsa lunga mring | Kapugêran laku dhustha | sun jujug langonsarine | ênggone kang awèh brangta | sun atur pêjah gêsang | marang kusumaning ayu | kang dukani wong tatêgar ||
18. êmbane kalih anangis | dhuh anggèr sampun mangkana | angemana sarirane | lêhêng ămba pêjahana | yèn tan kênèng ngaturan | nênggih nora bisa dulu | Rahadèn Sukra amêksa ||
19. nora kêna dèn alangi | anyandhak karbin rahadyan | kargane kinalungake | wayahira sirêp jalma | nuju tanggal ping sanga | kang wulan wus dangu surup | rahadèn acêcawêtan ||
20. êmbane kalih gendholi | mêksa mêdal bêbutulan | dadya sami ngiring karo | nahan ingkang laku dhustha | kawarnaa sang rêtna | agunêm lan êmbanipun | anèng gandhok patamanan ||
21. amung lêt bata sakêlir | gyanira lan patamanan | mèsêm sang rêtna dêlinge | ya biyang nora kayaa | tênagane Si Sukra | wong anom sugih pêpurun | têka wani anêmpuh byat ||
22. hèh biyang sira sun tari | upama pamine biyang | kakang mas Dipati Anom | maring sun yèn uwis puwas |
--- [f. 111v] ---
sun lakia Si Sukra | pocapane awak ingsun | apa tan kalêbu nistha ||
23. umatur Êmban Sulastri | dhuh gusti kalangkung nistha | dening asangêturune[24] | paduka angsal pun Sukra | dasih têdhak-tumêdhak | punika upaminipun | rakanta sampun aseda ||
24. tan patia nistha gusti | inggih taksih bêbutuhan | amung pinirik baguse | sanadyan sutaning sudra | nanging Arya Sindurja | wartine têdhak Majagung | misuwuripun ing kathah ||
25. yèn èstu ikang pawarti | dados trahing waliyolah | kang dados kanyataane | dening dhusun Parimana | ikang dados ganjaran | yêktine têdhak Majagung | pun Ariya Sindurêja ||
26. raka paduka mas gusti | Kangjêng Pangeran Dipatya | mênggah asami alite | rakanta lan Radèn Sukra | masalahing bagusnya | watawis kaot satangsul | dhuh gusti bagus pun Sukra ||
27. sanadyan bagusa gusti | pun Sukra kaot kusuma | sang ayu alon dêlinge | yèn ingsun lakia Sukra | mandah ucaping jana | kaliwat dening binawur | tuduh wus galura jaman ||
28. ikang ora-ora bibi | êmban Sulastri turira | rakanta paran cacade | rahadèn ayu angucap | cacade kakang êmas | panastèn langgungk[25] kumisun[26] | adigung ambêk purusa ||
29. sikara dhêmên anyilib | baringkil lêngus cugêtan | lan angèl lêladènane [lê...]
--- [f. 112r] ---
[...ladènane] | yèn aku biyang lakia | wong liyan sun watara | nora kongsi pitung dalu | pantêse nuli pamitan ||
30. wayahira lingsir wêngi | kawarnaa Radèn Sukra | kang arsa dhustha kalangon | wus angrampit pagêr bata | êmban kalih tan pisah | tan pêgat dènira matur | radèn tan arsa mundura ||
25. Durma
1. êmbanira Singanănda Patrawisa | ature ngasih-asih | kalangkung asamar | radèn tingkah punika | dèrèng samayan ing nguni | jujug mêmara | lakung nisthaning pati ||
2. bok inggiha irib lampahing satriya | sampun gêgawa gusti | ngrama jêngandika | mumpuni sanagara | prawira limpad awasis | dibyèng anyidra | ing mungsuh sura sêkti ||
3. sainggane lampahan dika punika | ngambil mina ing warih | toya tuwas buthak | mina mangsa kênia | lir satpada nguswa sari | kincip rinurah | mawur tan olih sari ||
4. pantêsipun satriya dhustha asmara | mawi jaruman dhingin | ambuwanga arta | amrih inggaling lampah | punika margine panggih | tuhu satriya | wignya anyidrèng rêsmi ||
5. angling Radèn Sukra bênêr ika bapa | nanging sapisan iki | lah têka mênênga | tan kudu têkèng prana | wêruha bae kang warni | mring sang kusuma | bapa sun nuli mulih ||
6. sira Radèn Sukra supe subasita |
--- [f. 112v] ---
bata dipun arasi | rinungrum kinuswa | êmbanira karuna | dhuh radèn andika eling | polah andika | anggèr kadi wong baring ||
7. Radèn Sukra sakala milu karuna | karbinira binanting | kargane binuwang | paran polah manira | kewran datan angsal margi | Rahadèn Sukra | nibèng siti apikir ||
8. nulya tangi garegah aris angucap | bapa cucula aglis | bapa sabukira | sun karyane rambatan | cêlubên marang ing kali | sabuke pêthak | nulya cinêlub aglis ||
9. wus inguncalakên bata sarêng asat | Radèn Sukra ngrambati | praptèng luhur bata | malorod anut wastra | prapta ing jro tamansari | Ki Singanănda | Patrawisa nèng jawi ||
10. langkung marsa-maras manahe kawarna | kan anèng jro udyani | sira Radèn Sukra | manahira sandeya | andhodhok ing sor kawèni | radèn sêmana | matêk sakèhing aji ||
11. lêlimunan kalawan braja lamatan | mrih aja na wong uning | sira Radèn Sukra | sinambêran tatêkak | têtuhu lawan kêkolik | Rahadèn Sukra | datan miris ing galih ||
12. kawarnaa para putra Kapugêran | samyarsa langlang wêngi | dingarène ika | babênce aliwêran | anambêri tamansari | ugyaning raka | wau kang dèn sambêri ||
13. Radèn Ăntawirya Radèn [Ra...]
--- [f. 113r] ---
[...dèn] Martatruna | sikêp pêdhang lan tamsir | Dyan Dipataruna | lan Radèn Wăngsatruna | sikêp talêmpak para ri | rêmbag samyarsa | dingkik mring langonsari ||
14. ingkang raka kalih samya sikêp pêdhang | sampun angiwatamsir[27] | aris lampahira | kang raka anèngarsa | Dyan Martatruna myang ari | Dyan Ăntawirya | pantêsudirèng[28] wèsthi ||
15. Radèn Săngka Sudama nusul ing raka | sikêpêdhang[29] lan tamsir | praptèng patamanan | kawarna Radèn Sukra | wikan para putra prapti | mingsêr gyanira | nyampar godhong kawèni ||
16. kumarèsèk kang para putra miyarsa | sadaya marêpêki | samya ngulap-ulap | Radèn Sukra uninga | gupuh kesah anguncati | Dyan Ăntawirya | sigra narajang wani ||
17. Radèn Sukra lumajêng kang para putra | angêpung amêgati | sang dhustha malumpat | ting barêkuh kewala | sang dhustha nyalimpêt malih | Dyan Ăntawirya | kèn amèt obor aglis ||
18. mring mandhapa mèta dimèn katingalan | sigra kang para ari | ngambil ing mandhapa | kang saos anggraita | mudhun sadaya angiring | asru dinukan | sadaya samya bali ||
19. pratmaja ri aglis praptèng patamanan | Radèn Sukra ngrambati | marganira lama | minggah anut ing wastra | dilalah prapta ing nginggil | parêng praptanya | obor padhang nêlahi ||
20. katêlorong [katê...]
--- [f. 113v] ---
[...lorong] ing obor anjog kewala | êmban kalih nadhahi | karungkêb katiban | tangi parêng lumajar | Dyan Ăntawirya nututi | kang pagêr bata | linumpatan pribadi ||
21. asru angling hèh maling sira mandhêga | sun uja padha siji | agênti curiga | para ari sadaya | marmèng raka tanpa kanthi | nusul tan bisa | dadya samyalok maling ||
22. pan gumêrah swaraning wong Kapugêran | wong Sindurja nadhahi | ing lêlurungira | samya mêgati marga | kagyat samya aningali | yèn Radèn Sukra | lumayu kêmpis-kêmpis ||
23. anggraita sakèhing wong Kasindurjan | sadaya angalingi | Radèn Ăntawirya | prapta wong Kasindurjan | wikan samya mêndhêk angling | anggèr punapa | wartine ikang maling ||
24. radèn angling marene mau parannya | wong kabèh atur bêkti | datan wontên liwat | gusti dhustha manawa | animpang ambyur ing kali | wus ingaturan | radèn kondur tumuli ||
25. kawarnaa Radèn Sukra praptèng wisma | lajêng niba aguling | kasaput ing driya | byar rina Radèn Sukra | wus karya surat rarêpi | mung pitung pada | mawi têmbung pamijil ||
26. pamomonge wadon nulya tinimbalan | wastanira Ban Gori | prapta ngarsanira | radèn aris lingira | hèh biyung sira dèn bangkit | sun jalukarya-[30] | nira sapisan iki ||
27. rika biyung alurua pasanakan [pa...]
--- [f. 114r] ---
[...sanakan] | biyung ikang prayogi | êmbane sang rêtna | Dyan Ayu Kapugêran | lobanên ngarta wastra di | drapon katura | srat ingsun ing sang dèwi ||
28. êmbanira umatur inggih sandika | nanging dika sangoni | yatra pitung reyal | kawula miyang pasar | ucal êmbane sang dèwi | wus sinukanan | lawan lorodan nyamping ||
29. golang-galing ijo dhasaripun sutra | lan kakêmbên pêlangi | wusnya tampi surat | Ni Gori agya mintar | lanthang-lanthang pasar prapti | jujug padean | sakèh wong adol bathik ||
30. ayam kabèh têtiyang ing Kapugêran | samya dipun takèni | ngiras nganyang-anyang | nuju Bok Tambakbaya | kang anèm kang dèn takèni | ingajak lênggah | Ni Gori abêbisik ||
31. dhuh bok ayu manira arsa ngrasaya | turna layang puniki | dhumatêng sang rêtna | kula pahi nêm reyal | Ni Gori sarya sung picis | Ni Tambakbaya | sumaur wacana ris ||
32. sapa iki bibi ikang kirim layang | Ni Gori muwus aris | dhuh ajêng kang surat | saking Pangran Dipatya | Anom ingkang akêkirim | maring sang kadya | roning kamal asêmi ||
26. Sinom
1. saksana wau binêkta | maring Ni Tambakbayèki | arta lan surat ginawa | lampahira aglis mulih | sawabing arta sêkti | bisa angglisakên laku | dhasar Ni Tambakbaya | kinawayuh maring laki | nora kangge mila amongmong [among...]
--- [f. 114v] ---
[...mong] sang rêtna ||
2. tan kawarna lampahira | praptèng dalêm langonsari | kawarnaa asang kusuma |[31] makuwon tirahing bèji | sêsarean nèng kathil | parêkan papat kang tunggu | samya marêk ing dagan | sang dyah lagya nganggit sari | cêpaka sri tur sarwi ingaras-aras ||
3. sang rêtna ris angandika | sapa ikang sun sêkari | si dhêngkah kinêrah buta | kaniayane kapati | bisa karya wiyadi | si diparaga ing antu | priyayining kanoman | wong agung sapa kang wani | ambêkira kumawawa siya-siya ||
4. lêga-lêgane kang manah | yèn wis uwas maring mami | talake dèn paringêna | aja anasayèng[32] ati | ngandêlakên putra ji | têgêse sapa kang purun | mring têtambangan ingwang | jêr ingsun putraning aji | asikara nora mambu rabi kadang ||
5. lagya eca angandika | kagèt sang rêtna ningali | Ni Tambakbaya kang prapta | marêk ing dagan alinggih | manêmbah atur tulis | kampita sang dyah lingipun | iku layange sapa | sira turakên ing kami | Tambakbaya umatur saha wotsêkar ||
6. duta kang ambêkta sêrat | punika tiyang pawèstri | tuwa dutane rakanta | Kangjêng Pangeran Dipati | kang akirim kitaki | katura dhatêng sang ayu | tinampan tinupiksa | amawa têmbang pamijil | pitung pada rarêpèn muni Dyan Sukra ||
7. sang ayu anjamur dipa | ngandika hèh salah bibi | dudu layange kang êmas | sira ikang kênèng sandi | bisane kang tinuding | amrih layange glis katur |
--- [f. 115r] ---
awad dutane kangmas | lah ta rungokêna bibi | sun wacane anganggo têmbang pamêdal ||
27. Mijil
1. ingsun mirah angaturi tulis | ing gusti sang sinom | kamipurun pun Sukra wiyose | dahat tan kêlar nandhang wiyadi | lali tadhah guling | pun Sukra tur lampus ||
2. mila anêmpuh byat atur tulis | sangêt ing wirangrong | purwanipun wiyadi abdine | kawuron miyat citraning gusti | kala andukani | wong têgar ing lurung ||
3. gih punika marganipun gusti | kawula wit rimong | tan anyipta mulat dyah liyane | amung kusuma kang anèng ati | asunga jêjampi | ing wong kandhahan kung ||
4. saksat asung gêsang ing wong lalis | wèh yuswa ing layon | datan ajrih ngantaka abdine | dening gusti taksih mawi krami | Pangeran Dipati | dasihira purun ||
5. atatua karo bêlah sisih | tan gumingsir ingong | anglangènana watang ganjure | wong kadipatèn gêntia kêris | lan Pangran Dipati | sapa pan kapangguh ||
6. nadyan panggiha srêngganing wukir | myang sajroning êrong | datan ajrih kantaran lawunge | prang adharat ing laut tan ajrih | anging sang dewa sri | dèn tulusa mupu ||
7. maring gagêbale kang nuhun sih | kang anggung anglamong | datan ana katingaliyane[33] | amung kusuma kang anèng ati | titi punang tulis | wangsul sinomipun [sino...]
--- [f. 115v] ---
[...mipun] ||
28. Sinom
1. dyan ayu ngungun lingira | Si Sukra bosên aurip | eman baguse dipungkrang | ukum wong kudu ngêmasi | nora atolèh gusti | anglampus kasmaran mring sun | iya ta katon apa | dening ta kapati-pati | ngayuh ala si diparaga ing buta ||
2. kang rarêpi pitung pada | pinarnah ing sor gêguling | lajêng asare sang rêtna | Ni Tambakbaya wus mijil | saking jro langonsari | sapraptanirèng lêlurung | wau ta kang dinuta | Ni Gori maksih anganti | wus apanggih lawan Ni Mbok Tambakbaya ||
3. lingira Ni Tambakbaya | si nyai anyalawadi | akarya guna wisaya | upaya sandi pirangti | Ni Gori lingira ris | ajêng paran wartinipun | kature ikang sêrat | dhatêng kusumaning sari | anauri aris Nyai Tambakbaya ||
4. wikana bibi sang rêtna | datan suka tan aruntik | sawuse layang winaca | pinarnah ing sor gêguling | Ni Gori lingira ris | ing benjang yèn arjèng laku | andika pêpanggiha | kalawan kang atur tulis | pasthi dika winalungsung ing panganggya ||
5. dawêg sarêng lan kawula | Ni Tambakbaya tut wuri | nahan ikang kawarnaa | kang tansah anahên kingkin | kaya matia linggih | yun-yunên ing dutanipun | lênggah ing pêpungkuran | angidung-ngidung rêrapi | kang sinambat kusuma di Kapugêran ||
6. janur jêne kawuk citra | sun pupus sarira mami | angrangsang dudu sasama [sa...]
--- [f. 116r] ---
[...sama] | paran margane apanggih | gèn ingsun anuhun sih | maring kusumaning ayu | winêngku putra nata | pinagêran para ari | kayaparan gyan ingsun angsal ngrabasa ||
7. nanging panyipta kawula | sun rewangi atoh gêtih | tan ningali patiningwang | amung kusuma kaèsthi | wêdhunge man widuri | katon gêmuhing pambayun | yèn sun mulat panjaran | katon sinasayèng sari | wong dèn ranjam katon binalangan kêmbang ||
8. mangkana Rahadèn Sukra | angadêg niba ing siti | kaya ana sumandhinga | kang awèh lara wiyadi | sangêt gènira lali | tangi angrangkul wit jambu | drêsana kinakudang | wit jambu dipun arasi | dhuh mas mirah kusuma sira napaa ||
9. emut sakala rahadyan | sêbutira andharidhit | tiafar astahpirullah | sănggalangit anèng bèji | tan langgêng ati mami | manggung tontonên ing dulu | maring dyah Kapugêran | wêntise lir mas sinangling | lurung-lurung otote ijo mratiga ||
10. wadêr gêng mindha sêsaga | kayanganing suranadi | nora wande sun pralaya | gêgala pangarah mami | dudu lanang sayêkti | kênanga kang wangi esuk | muga ta kalakona | angèstupadaning gusti | tur pralaya nora kêlar nandhang brangta ||
11. kundur maring padalêman | rahadèn kagèt ningali | maring sira kang dinuta | praptane anggawa kanthi | aglis dènnya nimbali | Ni Gori marêk ing ngayun | Radèn Sukra lingira | hèh biyung iku
--- [f. 116v] ---
wong ngêndi | Nyai Gori umatur wong Kapugêran ||
12. rahadèn aris lingira | biyung apa olèh kardi | angsal sasat datan angsal | angsale dening kang tulis | datan angsale dening | tan sinungan angsul-angsul | tan sêkêl datan suka | ikang ngaturakên tulis | mring sang rêtna punika kang kula bêkta ||
13. rabine Ki Tambakbaya | kang anèm kasor rêbat sih | mila amongmong sang rêtna | kulina ing siyang latri | anèng ing langonsari | kawula têdhani tulung | radèn aris lingira | ingsun rewangana bibi | idhêp-idhêp amayu kêramat bêjad ||
14. agya sira pinaringan | wolung puluh reyal sarwi | salendhang cidhe[34] kalawan | têtiga sinjang sêmbagi | lurik patani kalih | kakêmbên solok lan pêlung | sakêbar pathawala | Ni Tambakbaya ngabêkti | tan anyana yèn akèh pêparingira ||
15. radèn aris angandika | bibi kadya pa ing uni | kature layang manira | lah andika tutur bibi | Ni Tambakbaya angling | surat andika duk katur | ing sang rêtna winaca | amawi têmbang pamijil | swaranya rum kadya ngalapana jiwa ||
16. sampune amaos surat | mèsêm sang juwita sarwi | ngusap jaja ikang surat | pinarnah ing sor gêguling | dènnya angandika aris |[35] ngajak mati si dipênthung | Si Sukra angalusa | radèn amiyarsa
--- [f. 117r] ---
warti | nibèng kasur kumênyut rasaning driya ||
17. manahira tarataban | warastranira ngulisik | asangêt dènnya akrodha | sangêt supene ing galih | singa ikang kaaksi | pangrasane sang wah ing rum | mulat Ni Tambakbaya | saksat ningali sang suji | Êmban Gori aglis sira ingandikan ||
18. prapta nulya binisikan | dhuh biyung laraku iki | sangsaya-saya amêtak | dening angrungu pawarti | kaya nêmahi pati | samêngko rasaning kalbu | yèn nora saluluta | sapa kang ginawe wakil | kang prayoga pinindha-pindha sang rêtna ||
19. êmbane aris turira | paduka adarbe sêlir | singa ikang kinaryaa | mapan akathah pawèstri | Radèn Sukra ling aris | pasthi nora marêm ingsun | yèn dudu wong ing kana | nadyan silih nini-nini | pasthi marêm yèn parêkane sang rêtna ||
20. hèh biyung Bi Tambakbaya | konên marene dèn aglis | saksana sira ingundang | prapta rahadèn bêbisik | bibi sun mêkas jati | ing kene aja na ngrungu | Ni Tambakbaya mara | manahira sênig-sênig | maras-maras mênawa ginuladrawa ||
29. Dhandhanggula
1. prapta ing daganira Ni Gori | kesah maring kêbon pêpungkuran | sawiyah-wiyah awade | radèn angandika rum | bibi dipun ragi mariki | sun arsa amamêkas | Ni Tambakbaya tur | radèn amêkas punapa | kapiyarsa ing ngriku [ngri...]
--- [f. 117v] ---
[...ku] kalih ing ngriki | barang kang winicara ||
2. radèn datan sarănta ing galih | mudhun saking jinêm nandhak asta | Ni Tambakbaya wuwuse | dhuh radèn sampun pun |[36] kang mangkana andika eling | pun bibi wus atuwa | lan awon dinulu | Rahadèn Sukra lingira | dika bibi prayoga sun karya wakil | ingsun pindha kusuma ||
3. Ni Tambakbaya umatur ris |[37] adhuh bok aja karya wong tuwa | nora sêmbada wakile | kalawan bok ing dalu | siyang-siyang akèh kang uning | tan pênêd têmahira | radèn asru ngrangkul | rinarêpa ingarasan | Tambakbaya sêsambate andrawili | sarywa atangkis asta ||
4. rahadèn sampun liwung ing galih | tan angrasa myat ing Tambakbaya | amung sang rêtna èsthine | wus amalih pandulu | manah sampun kranjingan iblis | dènnya amindha-mindha | wus ngrasa sang ayu | kang anèng ing pasarean | rinarêpa ing kidung ingarih-arih | ingaras nyêngkah jaja ||
5. ingêmban tansah amiwal kapti | mèsêm ing nala Ni Tambakbaya | kacaryan dening baguse | tur wasis ing pangrurum[38] | Tambakbaya jitêl sarywa ngling | dhuh ingsun udhunêna | kabêlêt anguyuh | age jênat udhunêna | sang kênèng kung mojar sarwi ngarih-arih | asênea ngêmbanan ||
6. kang asawang sumarsana wilis | wong ayu baya pangawak rêtna | dinus guna pirangti kèh | radèn [ra...]
--- [f. 118r] ---
[...dèn] angidung-ngidung | srênggarane sinawung kawi | sardula lan basanta | swara layu-layu | wêgang myang gănda kusuma | Tambakbaya trênyuh ing driya srah ragi | sinjange kuleweran ||
7. sinarèkakên ing kasur sari | Tambakbaya nora anggulawat | lêsu lupa jiwanggane | katitih wêntisipun | kang warastra nêmpuh matitis | tadhah sang pinarjaya | campuh ing tilam rum | Rahadèn Sukra widagda | ing asmara wau kang sampun kagati | asru dènnya kacaryyan ||
8. radèn tan arsa jênêk ing rêsmi | Tambakbaya ngêsah kajênêkan | langkung katrêsnan batine | mangsah aganti campuh | radèn emut mangkya ngluwari | tumêdhak kalihira | saking tilam arum | wusamya lênggah ing jaba | kang parêkan pawongan sadaya prapti | marêk ing Radèn Sukra ||
9. rahadèn nulya akarya tulis | kalilana marêk mring udyana | yèn anaa timbalane | wus dadya surat sinung | mring jaruman gya mêdal mulih | mring dalêm Kapugêran | nahan kang winuwus | Kangjêng Pangeran Dipatya | Anèm ingkang winarna lagya siniwi | anèng ing dalêmira ||
10. wontên kaprênah pamanirèki | dhatêng Kangjêng Pangeran Dipatya | Ratu Kulon sadulure | sinung ran ing sang prabu | Radèn Arya Tiron namèki | sêmana Radèn Arya | marêk ing sang bagus | umatur atur pawarta | ing pangeran saking Kasindurjan [Ka...]
--- [f. 118v] ---
[...sindurjan] nênggih | witipun dhadhêmitan ||
11. Radèn Arya Tiron matur aris | adhuh anggèr kawula miyarsa | rayi paduka wartine | culika tindakipun | lan pun Sukra anunggil kapti | asring mrawasèng tilam | anèng tamansantun | malah sampun kawênangan | ing pra putra binujung luput amawi | jaruman urup wastra ||
12. kang minăngka jarumane gusti | kang amongmong ing rayi paduka | Bok Tambakbaya kang anèm | kampita sang abagus | myarsa atur duka ing ati | surating netya rêta | muka sung sumung |[39] kumêjot padèning[40] lesan | jaja abang mawinga-winga awêngis | idêp mangada-ada ||
13. langkung dukane yayah sinipi | supe kalamun putraning nata | arsa dhatêngna karsane | akèn nimbali gupuh | ing pra lurah undhangèng dasih | angrurah Kasindurjan | Sukra pinrih lampus | Dyan Arya Tiron aturnya | adhuh gusti sampun kabranang ing galih | andhatêngakên sura ||
14. langkung nistha kajwarèng ing langit | suwawi gusti sukaa surat | mring paman paduka anggèr | satingkah polahipun | ri paduka kawratèng tulis | Jêng Pangeran Dipatya | lêga galihipun | ngandika lah timbalana | adhi êmas Suryakusuma dèn aglis | kang dinuta manêmbah ||
15. tan adangu kang pinanggil prapti | Radèn Suryakusuma manêmbah | pangran wus dadi surate | gya
--- [f. 119r] ---
sinungakên gupuh | pangran saryya angandika ris | yayi sira sun duta | iki layang ingsun | sira turna ing paman |[41] Radèn Suryakusuma wus tampi tulis | mêsat nahan winarna ||
16. Ni Tambakbaya sêmana prapti | manjing padalêman Kapugêran | ing gupit langonsarine | unggyanira sang ayu | Tambakbaya tumamèng ngarsi | manêmbah atur sêrat | ngandika dyan ayu | sapa ikang awèh layang | wali-wali matur tunggilipun wingi | inggih saking pun Sukra ||
17. lakung awlas kawula ningali | dhatêng abdi paduka pun Sukra | duk kawula ledhang anggèr | kapanggih ing lêlurung | dhodhok sarwi kêkudhung gusti | kawula tinakenan | sarêng ămba ngaku | abdi paduka kusuma | tinangisan kawula dipun jaluki | têtambaning abrăngta ||
18. akèn amêndhêtakên pribadi | gantèn kang wus anèng pakêcohan | kinarya jampi wirage | tinumas[42] pitung suku | kinèn angsal layoning sari | tinumbas tiga têngah | sasêle lingipun | pun Sukra lamun wontêna | ingkang mirib ing jawi sêkaring suji | tan sangêt kalênglêngan ||
19. yèn wontêna kang mirib sadhidhik | lathi-lathine bae miriba | lawan dyan ayu padane | pasthi tan sangêt wuyung | ngupadosa sajroning ngipi | mangsa silih angsala | kang kadya sang ayu | gènnya ngling awor karuna | yèn gêpoka padaning dyah pasthi dadi | pamurunging palastra ||
--- [f. 119v] ---
20. makatên wau gènipun nangis | ibu rama tan ana kacipta | mung gusti wismèng kalbune | nir tadhah lawan turu | cahya anglong wênês apêkik | kadya laywaning noja | tuhu yèn abagus | yèn mèsêm kêjêr locana | yèn ringgita putra Nata Dwarawati | bêranyak kasêmbadan ||
21. lawan Gusti Pangeran Dipati | yèn mênggaha ing sacacak-cacak | warnine dede larape | kêncèd kowok alêngus | raka dika Pangran Dipati | abdi dalêm pun Sukra | abagus anulus | ambêke budi sudarman | yèn èstua ing binjang kalakyan dasih | ing sang mindha Supraba ||
22. para pratmaja ari ing benjing | samya pinangkya angrêbat pura | baris Tarayêm arahe | sawarnine wong Kêdhu | Baglèn miwah tiyang Matawis | sadaya kinaitan | kang dèn abên pupuh | minta praja Kartasura | yèn akanthi kalawan pra ratmaja ri | jagat Jawa nèng asta ||
23. lan pun Sukra darbe wadya Bugis | pun Rosansah andêling ayuda | pitung dasa sradadune | langkung ing kalih atus | lan Bugise ramane gusti | pun Sukra apratignya | sedaa sang prabu | rakanta Pangran Dipatya | upamane dadya ji Sukra tan apti | ngawula ing rakanta ||
24. gumujêng sira sang mindha sari | nora jamak atine Si Sukra | sagunung Lawu gêdhene | pêksa mondhong maring sun | apa kêlar si
--- [f. 120r] ---
dhêngkah sêbit | manggul si păncawora | yèn kêlara manggut | waringin kurung kinêmbar | binêdhola ginawe tukoning kami | nuli sun asrah raga ||
25. yèn dadia pikire si baring | pantês lamun rewangana gêndra | yèn sêmbadaa baguse | nahan ingkang winuwus | Radèn Suryakusuma prapti | ing ngarsane kang rama | manguswa ing suku | kang rama anèng pahêman | ratmaja glis nêmbah ngaturakên tulis | ing rama tinampanan ||
26. tinupeksa têmbunging kintaki | pèngêt ingkang srat Pangran Dipatya | Anèm saha lan sêmbahe | bêkti kawula katur | mring pun paman ingkang pinuji | kang ambak[43] santa bodya | paramartèng wadu | sampuning kadya punika | wiyosipun kawula ngaturi uning | dhumatêng kangjêng paman ||
27. aprakawis putra andika ri | ajêng ing mangke madayèng karsa | lampah culika tindake | pun Sukra lawanipun | urup wastra myang urup sari | akirim-kiniriman | surat wangsul-wangsul | titi panuksmaning sêrat | jêng pangeran jaja bang lir wora-wari | ngatirah kang pasuryan ||
28. sumung kumêjot padoning lathi | kang para putra samya ngandikan | gya prapta anèngarsandhèr[44] | pangeran ngandika sru | hèh Sudira undangên aglis | kakangira Si Lêmbah | inggal mring ngarsèngsun | Rahadèn Suryakusuma | nêmbah mintar praptèng gandhok [gandho...]
--- [f. 120v] ---
[...k] langonsari | unggyanira kang raka ||
29. kampita dyan ayu myat ing ari | glis sinapa ing kene linggiha | yayi baya ana gawe | lakunira agupuh | ingkang rayi umatur aris | kangbok dika ngandikan | ing rama dèn gupuh | dyan ayu aris lingira | ingsun kangên linggiha sun warta yayi | duk nendra anupêna ||
30. pradikanên supênèng sun nyayi | sira kang wis wasis ing sasmita | sun takon ing inya kabèh | apêgêl manah ingsun | dening nora nana mangarti | katon ing jro supêna | kangmas dipatyèku | agawe larèn jro jêmbar | isi toya abuthak warnaning warih | katingal kangjêng rama ||
31. lawan kabèh para ari mami | padha umiyat ing larèn jêmbar | angadêg anèng pinggire | jêng rama sru anguwuh | maring sira kinèn tumuli | lan nyayi[45] Ăntawirya | jorogakên mring sun | kalawan Bi Tambakbaya | kalêbèng jro banyu tan ana kapanggih | amung sêmut kang ana ||
32. ingsun kagèt nyayi nuli tangi | lah ta yayi sira pardikaa | rahadèn aris ature | tan kaduga ing sêmu- | nipun ipèn angèl dinugi | kang nginggalakên prapta | sigra radèn ayu | gêpah umarêk ing rama | èsmu maras prapta ngarsa angabêkti | kang rama angandika ||
33. babo sira anak ingsun nini | sira uga alaki bêndara [bê...]
--- [f. 121r] ---
[...ndara] | yèn ala sandhangên dhewe | aja gêgawa mring sun | myang rinira aja kèmbèt ing | sira kojat ing praja | yèn ayu pinunjul | nanging tan kanggo akrama | nora bodho wong agung wêranèng Widi | tan kêna winaonan ||
34. Radèn Ăntawirya wus winêling | mring kang rama yèn prapta kang raka | kinèn ngularana age | ing tilamira rawuh | pasareaning raka nuli | gêguling binalengkrah | rarêpèn katêmu | anèng sangandhaping bantal | Nyai Tambakbaya sampun dèn awêri | tan awèh lunga-lunga ||
35. Radèn Ăntawirya nulya prapti | ingarsa kang rama angandika | hèh nini muliha age | sang ayu nêmbah mundur | sakingarsaning[46] rama sarwi | kumêmbêng ingkang waspa | samarga kasandhung | sapraptanira ing tilam | parêkane umatur sarwi anangis | gusti rayi paduka ||
36. Radèn Ăntawirya angulari | srat rarêpèn kapanggya binêkta | sang ayu sapamyarsane | ing manahira gumyur | lajêng niba ngrungkêbi guling | nahan Dyan Ăntawirya | srat rarêpi katur | ing rama kadugèng driya | sumung-sumung ngandika pasthining Widi | sun lingsêm margèng suta ||
37. hèh Sudira lêkasana aglis | kakangira Si Lêmbah trapêna | kisase sadina kiye | kabèh pra putraningsun | yèn gigua sun upatani | lawan Si Tambakbaya | ja kari
--- [f. 121v] ---
dèn gupuh | ratmaja wiyang ing driya | nêmbah mintar para rinira angiring | marang ing patamanan ||
38. para gêrwa samya anungkêmi | padaning raka sarwi karuna | radèn ayu sêpuh anèm | ngalangi karsanipun | suka samya atalang pati | jêng pangeran akêkah | kang tangis gumuruh | aris dènira ngandika | aja sira padha angrubêdi pikir | măngsa kênaa giwang ||
39. dadya wêlas atêmahan lalis | yèn atmajanira wèt ing dunya | angakèhkên durakane | yèn iku nuli kokum | ing akherat dosane kêdhik | jêng pangeran tumêdhak | mring panêpèn mujung | kang para gêrwa karuna | ganti ikang kawarna kang para siwi | prapta ing patamanan ||
40. radèn ayu kagèt aningali | ing para rinira padha prapta | sang ayu ris panapane | linggiha ariningsun | Radèn Suryakusuma angling | kangbok ămba dinuta | ing rama amundhut | pêjah gêsang jêngandika | ing samangke dyan ayu alês ing galih | saure pêgat-pêgat ||
41. para putra samya dèn sungkêmi | dening êmban asru tangisira | Tambakbaya wus tinalèn | tangis umyang gumuruh | para enya myang para cèthi | kadya gêrah kasêpta | para ibu rawuh | gumulung anglud karuna | wadya alit Kapugran kagyat agati | saos anèng paseban ||
42. lawang regol pan sampun kinancing | kawarnaa kang
--- [f. 122r] ---
samya karuna | tanbuh polahe êmbane | para ibu angrubung | radèn ayu angandika ris | paran gènnya suminggah | yèn wis jangjinipun | jêng rama kirang pariksa | kang ginugu ature kangmas Dipati | mantune nora layak ||
43. aturêna sêmbah ingsun nyayi | mring jêng rama alat[47] gampil ingwang | Rahadèn Ăntawirya ge | marêk ing ramanipun | prapta ngarsa matur ngabêkti | saature kang raka | sadaya wus katur | kang rama sru angandika | lah dèn age aja wlas daging-adaging | kadang aja kêsmaran ||
30. Asmaradana
1. yèn Si Sudira upami | lênggana ing karsaningwang | myang para rinira kabèh | yèn duwe gigu ing driya | nguntapakên si rara | sun upatani sirèku | radèn lèngsèr saking ngarsa ||
2. praptèng dalêm langonsari | umatur dhatêng kang raka | kangjêng rama timbalane | kawula samya ngupatan | gigua mring andika | para ibu myarsa anglud | ing tangis sang dyah lingira ||
3. lah antinên dhingin nyayi | ingsun arsa akujamas | rêraga sun sucèkêne | biyang agawea lăndha | sang ayu gya tumêdhak | kujamas lan enyanipun | sasampunira asiram ||
4. agagănda amrik minging | kang kênaka karampungan | sampun nyolong[48] ing citrane | wênês ijo anglong jiwa | para
--- [f. 122v] ---
ibu sadaya | samya ingandikan mêtu | saking gupit patamanan ||
5. myang para ban lawan cèthi | mung kari Ni Tambakbaya | kang taksih kari anèng jro | ya ta wus mêdal sadaya | para êmban lan enya | kandhêg sajawining pintu | ya ta kang para pinutra ||
6. Radèn Sudira agipih | gènnya nyandha[49] cindhe sêkar | arsa kinarya anglawe | agya kang raka cinandhak | astane siji sewang | sarwi kumêmbêng kang êluh | kapêksa ajrih ing rama ||
7. Radèn Săngka Sudama glis | nyêkêli Ni Tambakbaya | Rahadèn Dipatruna ge | lan Radèn Wăngsataruna | nyêkêli ikang raka | asta kiwa têngênipun | tansah angusapi waspa ||
8. rahadèn ayu ling aris | adhiku kalumpukêna | Si Săngka Sudama kabèh | dèn pêrêk kalawan ingwang | tingalana manira | wêkasane atatêmu | lawan para ariningwang ||
9. sang dyah waspanya drês mijil | mulat ing para rinira | asrêt alon pamuwuse | dhuh yayi padha karia | ingsun amit ing sira | padha dongakêna ingsun | mugi ta antuka marga ||
10. agya akukub cawêni | sarwi anglungakên jăngga | cindhe gya tinalèkake | kiwa Radèn Ăntawirya | Radèn Suryakusuma | ikang munggèng têngênipun | dupi arsa siningsêtan [siningsêta...]
--- [f. 123r] ---
[...n] ||
11. sang ayu angandika ris | mêngko yayi antèkêna | ingsun amamêkas manèh | aturêna sêmbah ingwang | maring ing ibu rama | lan amitna patiningsun | maring Pangeran Dipatya ||
12. lan aturna sêmbah mami | marang jêng uwa narendra | sun anuhun apurane | mring Pangeran Adipatya | sun dhingin pinaringan | sêsotya intên jumêrut | rong kêmbaran aturêna ||
13. lan rêtna campaka wilis | mirah selan nêm kêmbaran | widuri sasi lan ijo | iku padha aturêna | lawan dhakon sêlaka | kêcike swasa rongatus | bobote dhingin rong katya ||
14. padha aturêna yayi | papan cuki sagagragan | padha sun gawa marene | cukine saparo êmas | kang saparo salaka | ngrong kati bobote iku | yayi padha aturêna ||
15. lawan cindhe dawa siji | iku ikang ingsun gawa | Kangmas Dipati duwèke | sinjang kêmbên sun anggawa | dhewe têka ing wisma | lah ta mara ariningsun | warnaku waspadakêna ||
16. kang cindhe nulya tinarik | sang ayu amêgêng nafas | angêningakên tingale | tan samar patitisira | wêkasing sangkan paran | kêjêp kamurcaning tuwuh | cumêkik sarêng aniba ||
17. kagyat ingkang para ari | atêbah jaja karuna | nulya pinarnah ujure | wau layone kang
--- [f. 123v] ---
raka | rinămpa wus pinarnah- | akên Ni Tambakbayèku | apan sampun pinêjahan ||
18. nulya binuka kang kori | kang para ibu sadaya | prapta samya mangsuk ing jro | myang para ban lawan enya | myat laywan gilang-gilang | binyukan tangis gumuruh | pra putra marêk ing rama ||
19. marêk samya asmu tangis | andhèr ngarsane kang rama | matur wus pêjah kakange | kang rama asru tiafar | nêbut astaghfirolah | kawarnèng jawi gumuruh | miyarsa dudu wadinya ||
20. sigra samya tata baris | kawula ing Kapugêran | kang warta pan sampun adoh | Pangeran Arya Mataram | undhang wadya samapta | budhal saking wisma gupuh | lan Pangran Arya Panular ||
21. praptèng Kapugêran aglis | wadya baris anèng marga | pangeran kalih maring jro | wus panggih kalawan raka | ya ta kang para gêrwa | wus dangdan mangkat malêbu | sêdya tur uningèng nata ||
22. anarka yèn dadi jurit | lawan wadya Kasindurjan | Dyan Ayu Pugêr lampahe | gupuh adharat kewala | datan kawarnèng marga | praptèng pura lajêng mangsuk | sang nata nèng Prabayasa ||
23. kampita sri narapati | aglis dènira anapa | kadingarène bok ipe | maring pura awan-awan | baya na karsanira | atawa lamun ingutus | yayi maring lakinira [lakini...]
--- [f. 124r] ---
[...ra] ||
24. dyan ayu matur ngabêkti | ing purwa madya wasana | katur sadaya ing katong | solah prakaraning raka | kagyat atêbah jaja | sang nata sarwi angadhuh | tan kayaa yayi êmas ||
25. lagi tumon mung si adhi | iki ujaring bêbasan | wong kolu maring awake | iya sagalaking macan | nora kolu mring anak | sang nata angandika sru | hèh wong Gandhèk dhawuhana ||
26. konên animbali aglis | sarupaning pra dipatya | caraka umêsat age | ting balêbêr Gandhèk samya | nimbali pra punggawa | saha bala pratiwa nung | otêr wong sa-Kartasura ||
27. pratiwa măncanagari | awisma ing Kartasura | myang pasisir prawarane | ya ta Rahadèn Sindurja | myarsa gumyahing warta | otêring wadya gumuruh | wus atas marganing warta ||
28. agya samya ngrakit baris | wadyabala Kasindurjan | supe yèn ngabdi ing katong | saking wratrêsna[50] ing putra | Radèn Sukra sawega | Bugise wong pitung puluh | koprale aran Rosansah ||
29. pun Janulèn kang satunggil | baris anèng palataran | pitung puluh sradadune | dening wadya Kasindurjan | baris anèng paseban | santana kaparak mangsuk | ran Dêmang Suradêksana ||
30. lawan Citramênggalèki | katiga
--- [f. 124v] ---
pun Surajaya | katri mangrêpa ature | dhuh radèn sampun mangkana | emuta yèn ngawula | Radèn Sindurja sru wibuh[51] | tan angling kawratan trêsna ||
31. Rahadèn Sukra wus rakit | lir macan anèng kalangan | arsa nglanggar Kadipatèn | tansah ingampah ing wadya | jinagan ing santana | Rahadèn Sukra angadhuh | katon ingkang awèh rimang ||
32. tyasira kadya jinait | sumyar-sumyar tarataban | arsa asalah kapatèn | myarsa sang ayu pralina | ingsun kang awèh dosa | antènana sun angamuk | anglangi ing ganjur watang ||
33. ingsun arsa gênti kêris | suka awora ludira | kalawan Dipati Anèm | dhuh rama amit palastra | nadyan silih pêjaha | yèn bela putraning ratu | măngsa ingsun undurana ||
31. Durma
1. asmu duka Sri Naranata Mêngkurat | têdhak mring Srimanganti | wadya jro sumahab | saastra sikêpira | Priyantaka lan Saragni | aglar ing ngarsa | Pinilih anambungi ||
2. sisih samya Pinilih para mantrinya | lan Panèkêtirèki | angayap ing nata | anyaosi ampilan | wong Jagasura nambungi | lan wong Jantaka | sikêp ganjur marapit ||
3. Maodara Miyăngga myang Anirbaya | nèngarsa sikêp karbin | sisihira samya |
--- [f. 125r] ---
padha ngong[52] Anirbaya |[53] wong Brajanala nambungi | lan Wirabraja | wau kang anisihi ||
4. Kartiyasa asisih wong Wisamarta | tulup pasikêpnèki | myang wong Patrayuda | asisih wong Kanoman | Jagabaya kang nisihi | wong Sangkragnyana | Mandhung Nutra nisihi ||
5. sikêp panah asisih Wisapracăndha | samya samaptèng jurit | wong Singanagara | aglar ing ngarsa nata | wong Martalulut nisihi | myang Darpahita | Patranala myang Miji ||
6. wong Anggandhèk Mantri Anom anèngarsa | Katanggung anisihi | Carik Suranata | Pratiwa Jro nèng ngarsa | jrih mulat runtikira ji | yèn tan pêjaha | Sukrarsa anindaki ||
7. samya marêk sakèhing Pratiwa Jaba | myang Nayaka pasisir | lèn măncanagara | Adipati Madura | lan Dipati Surawèsthi | wadya nèng jaba | ngalun-alun abaris ||
8. angandika sang nata hèh Sumabrata | apa wartaning jawi | Si Arya Sindurja | Sumabrata tur sêmbah | abdi dalêm supèng gusti | ngrakit gêgaman | datan mulat ing dasih ||
9. saking sangêtrêsnanipun[54] asêsuta | mila supe andasih | tansah anèng pangkyan | wadya baris malatar | sang nata duka sinipi | asru ngandika | kêbutêna kang baris ||
10. Ki Tumênggung Sumabrata tur pranata |
--- [f. 125v] ---
ari paduka aji | Radèn Ayu Pucang | apênêd tinimbalan | rumiyin dhatêng ing puri | nata ngandika | Wilaja Suwănda glis ||
11. kèn nimbali maring Radèn Ayu Pucang | kang dinuta nulya glis | manêmbah gya mêdal | sagung wadana jaba | pasisir măncanêgari | wus dhinawuhan | angêpunga tumuli ||
12. pan gumulung sakèhing gêgaman muntab | mring Kasindurjan baris | lampahira prapta | Nyi Sawănda Wilaja | dumrojog maring jro dening | sagung gêgaman | baris kêpung ing jawi ||
13. kori galedhegan sampun inginêban | wong Kasindurjan rakit | gya Nyai Sawănda | lawan Nyai Wilaja | praptèng jro sampun apanggih | anèng mandhapa | kalawan radèn patih ||
14. nyai duta andhawuhakên timbalan | hèh rahadèn apatih | timbalan narendra | sutanira Ki Sukra | kênèng ukumolah pasthi | katrap ing kisas | pinundhut ing sang aji ||
15. radèn patih ajêtung tan angandika | kinêkêp ingkang siwi | marma tan kêna sah | dening paksa ngamuka | mring Pangeran Adipati | Rahadèn Sukra | paksa awora gêtih ||
16. radèn patih umatur anuhun duka | lêhêng ulun alangi | ikang kaukuma | angling Nyai Sawănda | radèn ayu dèn timbali | suwawi inggal |
--- [f. 126r] ---
ingantos ing raka ji ||
17. tur sandika sira Radèn Ayu Pucang | gêpah anulya kering | mring Nyai Sawănda | datan mawi wahana | lampahe gya praptèng puri | prapta ingarsan- | ing nata gya nungkêmi ||
18. sru karuna myat nata siyagèng yuda | anarka sru duka ji | ngandika muliha | warahên lakinira | yèn arêp anêmu bêcik | uripe Sukra | praptaa ngarsa mami ||
19. yèn tan seba ingsun nindaki marana | dyan ayu nêmbah amit | mêdalampahira[55] | praptèng wisma apanggya | lan raka matur wor tangis | dika tampia | timbalane sang aji ||
20. yyan andika amrih uriping atmaja | sebaa ing ngarsa ji | yèn andika datan | seba ngarsa narendra | dukarsa tindak pribadi | mring Kasindurjan | ngambil patinya kalih ||
21. gih kawula ikang kinèn angirida | mring dika manjing puri | radèn patih kewran | ing driya nut ing gêrwa | nêsêp bun-êmbuning siwi | saryya ngandika | lah ta karia kaki ||
22. ingsun suhunakên apuraning nata | mangkat radèn apatih | lawan ingkang gêrwa | sami dharat kewala | sapraptaning Păncaniti | lajêng ngandikan | ing nata manjing puri ||
23. Sumabrata ikang kinèn mapagêna | lan sakathahing mantri | Kaparak ing lawang | Kamandhungan dyan patya [pa...]
--- [f. 126v] ---
[...tya] | pinundhut kêrisira glis | radèn apatya | kinubêngan ing baris ||
24. pan rinêksa anèng lawang Kamandhungan | mring Kapêdhakira ji | ganti kawarnaa | para mantri jro samya | ting balêbêr ikang mijil | saking jro pura | Gandhèk awanti-wanti ||
25. mring Dipati Urawan ikang timbalan | Sukra nulia mati | lan Dipati Sampang | kalih wus dhinawuhan | Rahadèn Sukra winarni | saungkurira | kang rama tangkêb kori ||
26. samya misah sakèh wadya Kasindurjan | mung kari wadya Bugis | satus kathahira | wongira Radèn Sukra | sadaya têtukon Bugis | samyangsal manah | nèng palataran baris ||
27. yèn anaa pangajanira Dyan Sukra | samyarsa ngamuk wani | Janu lan Rosansah | koprale andêling prang | tan ana sinungan mijil | dening rahadyan | muwêr ing jro mirangti ||
28. Adipati Urawan kewran ing driya | arsa ginêcak wani | kang para pratiwa | sadaya tan arêmbag | Gandhèk prapta wanti-wanti | saking jro pura | nginggalakên patining ||
29. Sukra Adipati Urawan kèmêngan | arsa kinasap wani | Bugisira Sukra | pasthi ngamuk sadaya | agawe rusaking cili | pasthi kèh pêjah | ingamuk ing wong Bugis ||
30. kang abaris [a...]
--- [f. 127r] ---
[...baris] êlor Adipati Dêmak | lawan wong Surawèsthi | wong Madura wetan | kidul wong Kartasura | kang baris ing lor mrêpêki | angrangsang bata | nulya sinipat bêdhil ||
31. kang lèr mundur kang baris wetan angrangsang | bubar sinipat bêdhil | sigra ingundhangan | aja na ngrangsang bata | pan arsa ingipuk aris | rêmbag sadaya | sagung para bupati ||
32. ya ta ana santana ing Kasindurjan | lunggyèng Mantri Panumping | ran Ki Măndaraka | santana naking-sanak | lawan Sindurja Apatih | matur Ngurawan | arsa ambujuk aris ||
33. wus ingidèn Angabèi Măndaraka | angrujad tinggal kêris | mènèk pagêr bata | sapraptaning dhuhuran | malorod dipun uluri | prapta ingandhap[56] | kagyat ingkang ningali ||
34. Radèn Sukra alênggah mangku talêmpak | ingayap wadya Bugis | kagèt duk tumingal | wau dhatêng kang paman | Măndaraka mara nangis | dhuh sutaningwang | kadyaparan sirèki ||
35. tan angeman maring ibu ramanira | wakira anèng jawi | Dipati Urawan | kadhawuhan timbalan | yèn sirarsa nêmu bêcik | ngaturna tobat | ingapura sang aji ||
36. angaturna tobat maring uwakira | sakèhing wadya Bugis |
--- [f. 127v] ---
padha singgahêna | katonna têmênira | wus karsaning Hyang marêngi | ajal agampang | Bugis tinundhung mijil ||
37. ikang lawang winêngakakên saksana | Bugis wus padha mijil | Dipati Urawan | undhang wadya aja na | sikara ing wadya Bugis | Wirawidiga | lan Urawan umanjing ||
38. gya tumêdhak ngabêkti Rahadèn Sukra | cinandhakrisira[57] glis | mring Wirawidigda | cinêkêlan ing paman | Dipati Urawan angling | dhuh sutaningwang | paran karsanirèki ||
39. lamun sira arêp gêsang ramanira | ikang nglabuhi pati | yèn sira kang katrap | kalêbu ukumolah | pasthi ramanira kaki | waluya gêsang | iku timbalan aji ||
40. yèn ta sira amrih gêsang ramanira | ikang nalangi pati | nanging tanpa karya | gone aduwe putra | mring sira datanpa kardi | tuna ramanta | suta amalês pati ||
41. ramanira anèng pura pinanjara | yèn tumêkaa pati | marga têkèng sira | Radèn Sukra turira | kawula dhewe ngandhêmi | sampun pun rama | tumuta bela pati ||
42. angamungna uwa kawula priyăngga | ingkang nglabuhi pati | ulun titip uga | lujênge ri paduka | sapungkur kawula mugi | tuka apura | sampun kabêtèng siwi ||
43. anauri aris Dipati Urawan | ja sira walangati | Dyan Sukra
--- [f. 128r] ---
manêmbah | katur wa pêjah ămba | anuhun sampun kawêsi | sakarsa-karsa | gèn andika mrih pati ||
44. agya duta sira Dipati Urawan | amundhut darubosi[58] | sampun pinakanan | wau Rahadèn Sukra | sakèhing upas tan mandi | tawa kewala | racun lan darubosi ||
45. prapta malih timbalanira narendra | katur yèn dèrèng mati | katunjêl timbalan | Gandhèk awantya-wantya | kaku tyasira Dipati | Urawan lawan | Wiradigda tanapi ||
46. Măndaraka agya ngukêl rambutira | ingidak gulunèki | pinuntir remanya | tur sarwi ingidêkan | binêthot Sukra malirik | ingidak-idak | Radèn Sukra wus mati ||
47. kunarpane gilang-gilang palataran | Ki Urawan wus mijil | lan Wirawidigda | Ngabèi Măndaraka | mulat kunarpaning siwi | karasèng driya | waspanira drês mijil ||
32. Mijil
1. Ki Urawan sapraptaning jawi | barisira bodhol | pratiwa ambubarkên barise | myang Dipati Sampang Surawèsthi | bêdholakên baris | swaranya gumuruh ||
2. para nayaka rêmbag tur uning | dhumatêng sang katong | kandhêg anèng panangkilan andhèr | agya katur dhatêng sri bupati | ngandikan mring puri | sakèh pratiwa nung ||
3. Adipati Urawan nulya glis |
--- [f. 128v] ---
myang Sampang praptèng jro | ngarsa nata aris andikane | lah kapriye Si Sukra wus mati | matur angabêkti | inggih sampun lampus ||
4. Si Sindurja luwarana aglis | Urawan gya miyos | adhimas Sampang kiye kêrise | si ariya paringêna maning | Pangran Madura glis | nêmbah tampi dhuwung ||
5. lèngsèr sakingarsa nata mijil | sapraptaning kagok | panggih lawan Arya Sindurja ge | dhinawuhan timbalaning aji | hèh arya sirèki | ingapurèng prabu ||
6. dyan patih nuhun kang curiga glis | tinampan inganggo | nulya mêdal lajêng bubar mulèh | Adipati Urawan Dipati | Sampang samya ngiring | maring wismanipun ||
7. sangkalanipun anunggil warsi | kalawan sang anom | pakramane Pangran Dipatyanèm | lawan dyan ayu kang sampun lalis | mangkana winarni | laywan kalihipun ||
8. kang lumampah prapta ing wisma glis | Dyan Sindurja dongong | mulat marang suta kunarpane | mênggah anêbut asru asabil | ing nala dipati | kalih asru ngrapu ||
9. kakang sampun karsaning Hyang Widdhi | sampun winiraos | pêjah gêsang pan sampun takdire | titah tan kêna amilih pati | kang amêngku pasthi | karsaning Hyang Agung ||
10. wus kapêtak layone kang lalis | ganti winiraos | Pangran Dipati anèng
--- [f. 129r] ---
dalême | lam-laming tyas karasa kang lalis | datan amigati | wirangrong ing kalbu ||
11. rinasa dosanira akêdhik | anêmahi layon | dening myarsa warta tan yaktine | ya ta kawarnèng pura sang aji | sêmana nimbali | Wilaja ingutus ||
12. maring Kapugêran andika ji | kèn mundhut putra nom | Radèn Ayu Impun panêngrane | Nyai Wilaja Sawănda prapti | Kapugran tur uning | ngandikan tumanduk ||
13. maring dalêm lan pangran apanggih | pinarêk ing gandhok | graha kêkalih kanan kèrine | munggèngarsa pangran ari kalih | drêsana ji nuli | dhawuhakên wuwus ||
14. gusti kawula ngutus raka ji | nglêlayad kang layon | lan aparing badhe salawate | ulês mori kalih kêbar aglis | dyan ayu nampèni | lan arta rongatus ||
15. lan kèn mundhut putra padukèstri | anènga kadhaton | Radèn Ayu Impun ing karsane | rakanta ratu lintang kapengin | apêputra èstri | kalangkung pêpungun ||
16. pangran sumăngga aturira ris | darmi ngakên ingong | lawan ana malih sadulure | Radèn Ayu Pugêr duk inguni | ikang asêsiwi | pan ingambil sêsunu |[59]|
17. èstri parêng pinundhut mring puri | dening jêng sang katong | padha kênya yu samya agênge | drêsana kalih anêmbah amit | sang dyah wus jinoli | prapta ing pura rum ||
--- [f. 129v] ---
18. agya katur ing sri narapati | lilih ing tyas katong | samya pinutra-putra kalihe | nahan gantia ikang kawarni | Radèn Surapati | ikang apalungguh ||
19. Pasêdhahan raharja aradin | sakathahing sato | tanpa kandhang glar ing têba bae | atusan ewon tanna kang wani | kèdhêp măncanagri | kanan kèri takut ||
20. dina Soma siniwèng ing dasih | pinarêk ing kagok | para mantri andhèr ing ngarsane | Răngga Bun Jaladriya nèng ngarsi | Ngabèi Lor Patih | lan Ngabèi Kidul ||
21. angandika Radèn Surapati | ing patihe karo | padha sira sayagaa kabèh | ing ayuda sakèh para mantri | iridên tumuli | mring Pranaragèku ||
22. anadene sikêping ajurit | gawanên saparo | myang para mantri milua kabèh | nêmbah sandika sira Ngabèi | Lèr anulya mijil | angundhangi wadu ||
23. dènnya tata sampun tinggang[60] latri | kocaping cariyos | sampun budhal saking nêgarane | gêgamane pan awarni-warni | pangarsaning jurit | wong amatang biru ||
24. bandera biru amawi ciri | banthèng kalêlaton | wong Sêca Nrangbaya golongane | numbak irêng ikang anambungi | abandera langking | ciri wênara pu ||
25. wong Drêmayuda wastanirèki | padha atos-atos | wolung
--- [f. 130r] ---
puluh sagolonganane | waos binang ikang anambungi | abandera abrit | ciri macan wulung ||
26. wong Surènglaga wastanirèki | wongira nom-anom | kasambungan wong sikêp Bung Ampèl | bandera seta aciri wilis | wong Sêca Nrangwèsthi | gagolonganipun ||
27. wong amatang pêthak anèng wuri | têngran binalêkok | jênar kinalacakra cirine | amajupat tinon angajrihi | wong Ajayèngrêsmi | gagolonganipun ||
28. kang amangku gêgaman jro nênggih | sira Ngabèi Lor | lan Ngabèi Kidul sisihane | kasambungan sagung para mantri | Răngga Bun Jaladri | lan Jalalodrèku ||
29. Bajopati lan Bun Jalapati | Bun Jalapaningron | Lêmbu Singadaka sakancane | Lêmbu Giyêng Lêmbu Wanasrênggi | Lêmbu Potha-pathi | lawan Lêmbu Gadrug ||
30. Dêmang Gêmpung lan Răngga Jaladri | myang Panatasingron | warna-warna asri gêgamane | Dalêm Jayaningrat anèng wuri | sawadya angiring | samya sikêp tulup ||
31. rongèwu gangsal atus watawis | prajurit kang andon | ing ayuda kajaba pikule | ikang ngobong baturing priyayi | kang nyêkêli waji- | ning pratiwa anung ||
32. tan kawarna lampahirèng margi | dangu winiraos | prapta sakiduling Selamanglèng | palabuhan sampun dèn sabrangi | pangarsaning baris | wus praptèng [pra...]
--- [f. 130v] ---
[...ptèng] Madiun ||
33. sakathahe wong măncanêgari | tan ana kang tanggoh | dhadhal akèh atilar prajane | baris agêng praptèng Pranaragi | gègèr wadya alit | tilar wismanipun ||
34. kithanira pan sampun dèn broki | mring Ngabèi Êlor | mantri pangarsa adoh barise | nahan sang nata sêdhêng siniwi | anèng Păncaniti | andhèr pratiwa nung ||
35. magêrsari Kapêdhak angampil | pacaraning katong | Priyantaka Saragni sambunge | bandera gulakalapa ngapit | kasilir ing angin | kumêlab asêmu ||
36. wong Nirbaya anèng kanan kèri | Pinilih amanggon | jajar padha Pinilih sisihe | Brajanala lan Wirabrajèki | Kartiyasa sisih | wong Wisamartèku ||
37. Maodara kalawan Miyanggi | andhèr ngarsa katong | Patrayuda Kanoman jajare | Jagabaya Sangkragnyana Miji | Wisapracăndhèki | wong Nutra lan Mandhung ||
38. Martalulut lan Singanêgari | Gandhèk Mantri Anom | Patranala lan Darpahitane | Jagasura lawan Judhipati | Suranata Carik | tan adoh lan prabu ||
39. para pratiwa andhèr ing ngarsi | myang ari sang katong | katri sumiwèng ngarsa prênahe | Pangeran Pugêr Arya Matawis | Arya Panular ing | kanan prênahipun ||
40. Radèn [Radè...]
--- [f. 131r] ---
[...n] Arya Sindurja Apatih | jajarira lunggoh | Adipati Sampang sakancane | Jangrana lan Urawan Dipati | Wiradigda nunggil | Ki Mangkuyudèku ||
41. atanapi Ki Natayuda ri | myang wadana jêro | kanan kèrining nata prênahe | Sumabrata Kapêdhak asisih | Ki Wirarêjèki | mangka sisihipun ||
42. Mangunnagara lan Suratani | wêdananing gêdhong | wuri wetaning nata prênahe | pasisir kilèn banjêng ing wuri | Sindurja tur bêkti | mêngsah wetan rawuh ||
43. Pranaraga gènipun abaris | tan wontên kang tanggon | abdi dalêm măncanagri kabèh | watawis tri nambang kang prajurit | kalêbêt pakathik | kados gangsal èwu ||
44. angandika arisri[61] bupati | undhangana saos | sagêgamaning prang sarupane | pratêlunên sakèhing prajurit | miwah para mantri | pratiwa nung-anung ||
45. hèh yayi mas sira kang sun tuding | nindhihi palugon | ngirida nayaka samantrine | lawan sira Sindurja dèn aglis | dutaa wèh uning | marang si kumêndur ||
46. iya pira lawase têkaning | dutane Si Petor | angaturakên jêndral surate | Batawiyah myang para Rat Fêni | unine anagih | yayi ing sanggupku ||
47. lah warahêna sajroning tulis | wong Jawa lagyewoh | anadhahi mungsuh kèh praptane | kayaparan gon manira mikir |
--- [f. 131v] ---
marang utang mami | padha ewuh nglurug ||
48. malah amudhuta[62] wong Kumpêni | amukul ing mungsoh | ingkang prapta Kumpêni kang duwe | satru yèn ta nora ambantoni | pa gawene makin[63] | anagih sanggupku ||
49. sajatine mungsuh ikang prapti | pinanggil ing katong | sabên-sabên praptaa surate | jendral anagih ing sri bupati | kang mungsuh pinanggil | kinarya makewuh ||
50. angandika malih sri bupati | patih wêkas ingong | lan têkane telakêna manèh | anèng Pranaraga gènnya baris | lan pamuking jurit | robna patang èwu ||
51. lawan ikang sun kon anindhihi | ing prang ariningong | Adipati Pugêr têtindhihe | wong Kartasura ingsun para tri | saduman kang kari | rong duman kang milu ||
52. mung saduman kang tunggu nêgari | lan padha sun êkon | angusungi bêdhil gêdhe-gêdhe | ikang padha maksih nèng Matawis | Sindurja wotsari | lèngsèr saking ngayun ||
53. karya surat sêmana wus dadi | gya katur ing katong | mantri kalih dinuta lampahe | mêsat marang Japara sang aji | wus dangu siniwi | ri saksana kondur ||
54. lir Bathara Endra sri bupati | kalanira miyos | ginarêbêg ing widadarine | praptèng Sitinggil anolih maring | Sawănda atampi | ing sêmu gya wangsul ||
55. animbali Pangeran Dipati | Pugêr mring kadhaton [ka...]
--- [f. 132r] ---
[...dhaton] | lan Dipati Sampang Sindurja ge | mapag ing nayaning drêsana ji | Nyai Sawănda glis | andhawuhi wuwus ||
56. kerid katiga malêbèng puri | sira sang akatong | wis pinarêk ing Prabayasane | sapraptanira kang prawara tri | ngandika sang aji | hèh dèn maring ngayun ||
57. manêmbah majêng kang prawara tri | ajajar alunggoh | naranata aris andikane | kayaparan ari masun[64] tari | myang punggawa kalih | kapriye karêpmu ||
58. dening panagihe Si Kumpêni | wanti-wanti mringong | yèn ing besuk ana prapta manèh | layange si jendral anênagih | nora sun sauri | utang ingsun sanggup ||
59. pangeran nêmbah umatur aris | langkung karsa katong | kawula jrih nglangkungi karsa raje |[65] nata ngandika awanti-wanti | lah pikirên nyayi | sira kang katêmpuh ||
60. matur anêmbah Pangran Dipati | alêhêng pinogok | yèn makatên tanpa sil icale | ing Carêbon Pasundhan nagari | Sindurja nambungi | rakanta kang sanggup ||
61. amaringi ajining Kumpêni | kang mati palugon | pun Kumpêni inggih panuhune | lan balănja sanguning ajurit | raka paduka ji | sampun darbe sanggup ||
62. kadya punapa gènipun anglèsi |[66] ling pangran tan ewoh | iku uga sêsauranane [sêsa...]
--- [f. 132v] ---
[...uranane] | sira bae bisa anauri | sarat Jawa iki | kagunganing ratu ||
63. wong Kumpêni gènnya ambantoni | ayuda ing katong | pan wis akèh Kumpêni untunge | ing Carêbon Pasundhan tanapi | wawênanging Jawi | pêparinging ratu ||
64. alaloji nagari pasisir | urut pasisir lor | ing Japara Têgal Samarange | datan ana panêbasing bumi | adagang pakolih | wong Jawa atakut ||
65. iku dudu bawaning Kumpêni | bawane sang katong | yèn amêksa-mêksa panagihe | ngambanga bae anèng jaladri | lêmah dèn anciki | banyu kang dèn inum ||
66. akèh ajine Jawa tan kêni | dèn ambah liyan wong | sukêt godhonge sapa kang duwe | lawan olèh kèringan nêgari | pasisir samya jrih | mitênah mrih dudu ||
67. iku iya kawasaning aji | manêmbah turnya lon | inggih alêrês anggèr ature | kadya makatên ikang panitih | Kumpêni nèng Jawi | lampahe bêburuh ||
68. yèn wis olèh buruhan tumuli | lungaa dèn adoh | aja ngancik ing Jawa tanahe | balia maring nagri Batawi | ing kono lilaning | aji akêkuwu ||
69. parandene yèn amanggih jurit | nadhahi palugon | pun Kumpêni nora uwis dhewe | ukur-ukur bae angêtêbi | tan lyana wong
--- [f. 133r] ---
Jawi | ikang atoh lampus ||
70. mèsêm angandika sang nata ris | yayi karsaniwngong[67] | yèn marambat Kumpêni karêpe | ala ingsun iya amalêsi | yèn tan amrih jangji- | ning sun ingkang tulus ||
71. yèn tan anarima wong Kumpêni | ngêmpèk-êmpèk mringong | wong Kumpêni sêdhêng tundhungane | anèng Jawa yèn Kumpêni bêcik | ingsun maksih eling | wirayat rumuhun ||
72. eyang kangjêng sultan ing Matawis | amêca maring ngong | durung lair duk winawratake | pinêca bala bacingah mami | ing mêngko pinanggih | wirayat karuhun ||
73. hèh Ariya Sindurja dèn eling | anggêr-anggêr ingong | pêngkuhana apa saunine | yèn katêmu si kumêndur Patih | Sindurja wotsari | sandika turipun ||
74. naranata angandika malih | mring arinira lon | yayi yèn prapta mungsuhira ge | tonjokên ing layang dèn adhêmit | gawea pêpati | ja kêmba ing pupuh ||
75. turnya pangeran sandika bêkti | pinaringan dadot[68] | katri pisan anyatus reyale | padha karyanên sanguning jurit | nêmbah katri mijil | praptèng wismanipun ||
76. samya undhang wadya lan prajurit | sadaya wusaos[69] | tata gêgaman akèh warnane | nahan kawarna Pangran Dipati | Pugêr tata baris | têngara ing pungkur ||
--- [f. 133v] ---
33. Pangkur
1. gumrah wadya Kapugêran | wong anumbak miwah wong sikêp bêdhil | wus tata anèng lêlurung | lêlayu myang bandera | gêniroga bul-umbul kadya kêkuwung | ganjur bung ampèl lan benang | tumpêr ingas cêmêng jinggring ||
2. kapêdhak ing Kapugêran | Jayadrêma Jayawirya tanapi | Pranayuda sisihipun | Gataka Jiwasuta | Jayapatra kêkalih têtindhihipun | Surajaya Tambakbaya | samya andêling ajurit ||
3. Sutakrêti Krêtiwăngsa | atanapi para putra tan kari | Radèn Suryakusuma wus | amit ing Jêng Pangeran | Adipatya kalilan gènnyarsa tumut | anglurug dhatêng kang rama | mring bang wetan andon jurit ||
4. wusamya samaptèng yuda | ngalun-alun jêjêl wong tata baris | swaraning jalma gumuruh | pangeran agya budhal | saking dalêm gaman wadana ing ngayun | Urawan lan Mangkuyuda | tan adoh Natayuda ri ||
5. Tumênggung Wirawidigda | agya budhal saking wismanira glis | ngumpul anèng alun-alun | Pangran Pugêr tumêdhak | galedhegan ingiring kang para sunu | myang sagung para punggawa | wus prapta ing Păncaniti ||
6. ngandikan maring jro pura | jêng pangeran myang sagunging bupati | prapta ngarsa samya ngujung | wusnya mêdal sadaya | lajêng budhal wau saking alun-alun | gumrêdêg [gumrê...]
--- [f. 134r] ---
[...dêg] kadya ampuhan | dening pangajênging baris ||
7. Ki Tumênggung Mangkuyuda | anambungi Kyai Natayuda ri | Wirawidigda sumambung | myang Dipati Urawan | para putra Kapugêran kang sumambung | Rahadèn Suryakusuma | pan anitih kuda putih ||
8. kore ran Si Samirana | rahab abang èbèg garudhan kuning | Radèn Ăntawirya mungguh | nitih kuda balalak | pan dhawuk bang ulêsira pancal panggung | winastanan pun Samoga | rêrahab baludru wilis ||
9. apalisir sutra jênar | Radèn Martataruna anambungi | nitih kuda jajan[70] biru | pun Wisagni ranira | Radèn Dipataruna ing wurinipun | nitih kuda ulês abang | winastan pun Tambangliring ||
10. ikang anèng wurinira | Radèn Wăngsataruna pan anitih | kuda ulês gula gêmpung | rahab baludru jingga | apalisir sutra jênar kudanipun | winastanan pun Gunawan | Rahadèn Timur kêkalih ||
11. munggèng ngarsane kang rama | Radèn Săngka anitih kuda putih | ikang nitih kuda dhawuk | sira Radèn Sudama | datan adoh lan kang rama ngarsanipun | ginarêbêg dening wadya | kang magêrsari marapit ||
12. watang putih kawan dasa | nitih kuda pangeran payung kuning |
--- [f. 134v] ---
bala swarane gumuruh | pasisir anèng wuntat | Kudus sapangilèn sadaya pan tumut | ginêlêk lampahing bala | nabrang bêngawan Sêmanggi ||
13. mrêgil wetaning bêngawan | mung sawêngi enjing budhalumaris[71] | datan kawarnèng dêlanggung | prapta ing Jagaraga | pangarsane pan sampun praptèng Madiun | têtunggul Pangran Dipatya | Pugêr măngka senapati ||
14. wong Pasuruan miyarsa | lamun wadya Kartasura wus prapti | baris anèng Kali Dhadhung | sigra wong Pasuruan | wus samapta budhal saking kuwunipun | tinilar ing Pranaraga | ngumpul anèng Kali Tali ||
15. wusnya wor baris malatar | nahan Mangkuyuda myang ikang rayi | wus anduta mantrinipun | tur uningèng pangeran | lamun mungsuh malatar ing Kali Dhadhung | Pangeran Pugêr gya budhal | praptèng Madiun amrêgil ||
16. sigra dènnya nonjok sêrat | mring Ngabèi Lèr ing prang aprajangji | karya pêpatihing pupuh | aja kêmba ing yuda | Ngabèi Lèr gêpah atur angsul-angsul | mring Pangeran Pugêr agya | undhang ngajêngakên baris ||
17. wong Kartasura sumahab | anèng papan ajêng-ajêngan jurit | têngara umyang gumuruh | sigra wong Pasuruan | atêngara nata pangawating pupuh | myang Pangran Pugêr [Pu...]
--- [f. 135r] ---
[...gêr] Dipatya | nata gêlaring ajurit ||
18. têngên Dipati Urawan | lawan Wirawidigda kang nisihi | Ki Mangkuyuda Tumênggung | Natayuda angiwa | sawadyane urunan cucuking pupuh | pangeran kang dadi dhadha | kinêtêban ing pasisir ||
19. kang para putra ing ngarsa | prajuriting Pasuruan nêmpuh ing | wong Kartasura apêngkuh | surakadya[72] ampuhan | sanjata lir ruging prawata gumrudug | pêtêng kukusing sundawa | wong Pasuruan angukih ||
20. wadya lit akathah pêjah | awêtara kalih atus kang mati | wong Pasuruan kaplayu | wadya bagna mawantah | wong ing Kartasura sru samya ambujung | wadya kèh muksèng ing wana | tinut ing wong Kartawani ||
21. wus samya bali sadaya | pan lumirig marang ing Pranaragi | angêbroki kuthanipun | wadya wus ingundhangan | ikangili[73] sadaya wusamya mantuk | têtêp samya asasêgah | wong alit wus tarub malih ||
22. kawarnaa kang kaplajar | wus angumpul ing Carubanagari[74] | lajêng bodholampahipun[75] | nawan ing urut marga | nabrang palabuhan sadaya akumpul | sakèhing wong Pasuruan | masanggrahan ing Kadhiri ||
23. kêkuwu anèng ing kutha | lawas anèng Kadhiri lêt sapta ri | duta nabrang kilèn banyu | ambahak padêdesan [padêde...]
--- [f. 135v] ---
[...san] | pacalange wus gêpok tanah Madiun | nuju pacalanging Karta- | sura nèng Kartasanèki ||
24. dadya prang padha pacalang | sring binêrêg wong Kartasura nuli | binantonan kapalayu | pacalang Pasuruan | sabên-sabên tinilara mring kang bantu | sring mênang pacalang wetan | lamun prapta kang bantoni ||
25. larut wadya Pasuruan | saungkuring bantu wong wetan prapti | Pangeran Pugêr winuwus | dutanira wus mintar | mawi surat atur uninga ing prabu | yèn prang rame wadya pêjah | kalih atus winêtawis ||
26. suka ing driya narendra | dhawuhakên ing Arya Sindurja glis | dutaa mring Jêparèku | dutanira gya mêsat | mawi surat awèh wêruh ing kumêndur | yèn sampun campuh ing yuda | sang nata mundhut Kumpêni ||
27. yèn ing mangke ari nata | Pangran Pugêr wus campuh ing ajurit | wong Jawa mati rongatus | nèng madyaning payudan | surat dalêm wus dhawuh maring kumêndur | Kapitan Dulkup pinatah | angundhangi pra upêsir ||
28. sadaya wus pinanggilan | mring kumêndur sakathahing upêsir | Petor Bilman kang wusinung[76] | srat dalêm ingurmatan | tinupiksa muni yèn nata amundhut | bantu Kumpêni wus rêmbag | kumêndur agya tur uning ||
29. mring petorirèng Sêmarang | kang jagani loji anyar Sêmawis [Sê...]
--- [f. 136r] ---
[...mawis] | pan durung ana kumêndur | kang ajaga Sêmarang | mung Japara anyar jinagèng kumêndur | sajênêngira sang nata | ngadhaton ing Kartawani ||
30. sakèh ngupêsir bicara | surat dalêm lajêng dhatêng Batawi | nahan gantia winuwus | kang anèng pabarisan | Pangran Pugêr anèng ing Pranaragèku | kalangênan lan putra myang | bupatèng wana myang warih ||
31. watara lêt pitung dina | jêng pangeran ngadu pacalang jurit | rame sabên-sabên têmpuh | anèng ing Kartasana | myang ing Pace gyanira buru-binuru | lami dènira mangkana | ya ta Radèn Surapati ||
32. wus ingaturan ing wadya | lamun sampun kasoran ing ajurit | putra kalih kinèn bantu | Radèn Lêmbu kang tuwa | ikang anèm Radèn Lêmbora ranipun | kalihe samya jêjaka | bêkta sanambang prajurit ||
33. kabèh padha gêgangsingan | putra kalih pan sampun winawêling | lan binêtan atur-atur | pêtha rajabêrana | budhal ikang wadya swarane gumuruh | Rahadèn Lêmbu Lêmbora | wus tampi pitungkas rêpit ||
34. ing ênu datan winarna | lampahira wus prapta ing Kêdhiri | panggih kalawan wadya gung | antara tigang dina | Radèn Lêmbu Lêmbora arsa umagut | wadya saparo ginawa | saparo tinilar baris ||
--- [f. 136v] ---
35. wus anabrang palabuhan | kang pangarsa ing Caruban wus prapti | nahan gantia winuwus | Pangeran Adipatya | Pugêr lagya siniwèng ing pratiwa nung | Urawan Wirawidigda | Mangkuyuda myang kang rayi ||
36. Ki Tumênggung Natayuda | sinambungan ing punggawa pasisir | Sêcanagara Tumênggung | Japara Suranata | Dêmak Rêksanagara Tatêgal kumpul | Nitiyuda Pakalongan | sadaya samya sumiwi ||
37. Radèn Madurêtna Batang | Kêndhal Angabèi Wăngga namèki | miwah Răngga Kaliwungu | ran Suradimênggala | ing Pamalang Cakranagara Tumênggung | matur Dipati Urawan | yèn mêngsah wetan dhatêngi ||
38. bantu saking Pasuruan | winêtawis sanambang kang prajurit | dening têtindhihing kewuh | kêkalih kang tanaya | gih pun Lêmbu Lêmbora kêkasihipun | sampun nabrang nèng Caruban | jêng pangeran ngandika ris ||
39. lah ta paran karêpira | Adipati Urawan atur bêkti | inggih suwawi pinêthuk | sintên kang tinuduha | jêng pangeran dipati angandika rum | iya Si Sêcanêgara | Si Pamalang Kalitangi ||
40. putraningsun Si Sudira | sira ikang milua dadi tindhih | sandika ing aturipun | miwah sagung dipatya | samya bêkti pangeran angandika rum | Si Mangkuyuda milua | lawan Si Natayuda [Natayu...]
--- [f. 137r] ---
[...da] ri ||
41. lèngsèr sagunging dipatya | asanega wusnya samaptèng jurit | budhal kang wadya gumuruh | kang tinuduh ing lampah | Radèn Suryakusuma têtindhihipun | Rêksanêgara pangarsa | tri atus ikang Saragni ||
42. Rahadèn Suryakusuma | anèng têngah dadya tungguling jurit | mangka senapatinipun | anitih kuda pêthak | lir badhaya arja pinayungan biru | tinon lir ratmajèng[77] wăngga | prawira sura ing wèsthi ||
43. sinrêg lampahing kang wadya | tan kawarna ing marga nulya prapti | nabrang anèng Kali Dhadhung | prapta watês Caruban | nahan wadya Pasuruan samya ngrungu | yèn binanjêl ing ayuda | mêdal samya tata baris ||
44. ing papan ayun-ayunan | Radèn Lêmbu Lêmbora anindhihi | wadya sura parêng anduk | samya mawantah ing prang | kang pangarsa baris Japara tinêmpuh | tadhah wadya ing Japara | arame bêdhil-binêdhil ||
45. Rêksanagara Tatêgal | nèng pangawat narajang saking kèri | sinapane tigang atus | sarêng muni swaranya | kadya guntur ing arga suraking wadu | awor têngaraning aprang | kadya kocaking jaladri ||
46. Rahadèn Suryakusuma | nilap bala anêngah dènnya jurit | turangga sinabêt maprung[78] |
--- [f. 137v] ---
Tumênggung Mangkuyuda | Natayuda kagyat amêgati ngayun | radèn ingampah tan kêna | dadya kali anglabuhi ||
47. turangganira rahadyan | ulês putih tiningalan ing dasih | kadya tan angambah lêbu | inggilira saasta | saking siti para pratiwa gumulung | samya mawantah ing yuda | mungsuh wigya bagna lari ||
48. Rahadèn Lêmbu Lêmbora | kapalajar wadya bagna tan pulih | malêbêt ing wana samun | sakèh wong Pasuruan | ting balêsar sêmana kasaput dalu | mundur wadya Kartasura | anèng Caruban sawêngi ||
49. enjing budhalampahira[79] | tan kawarna ing Pranaraga prapti | saksana rahadèn sunu | marêk ngarsaning rama | pratiwandhèr pangeran angandika rum | kaya pa wartaning yuda | bêsukine kawula lit ||
50. turnya tan wangwang raharja | mêngsah bagna suh sirna ing wanadri | pangeran tustha ing kalbu | nahan ganti kawarna | Radèn Lêmbu Lêmbo budhal ing dalu |[80] mring Pranaragarsa panggya | lan kang măngka pamugari ||
51. awarta lamun dinuta | mring kang rama ngaturakên upêti | praptèng pakuwon ing dalu | ingandikan wus panggya | lan pangeran babêtan sadaya katur | kang badhe katur ing nata | lèn dhatêng pangran pribadi ||
52. akathah tur-aturira |
--- [f. 138r] ---
brana pêtha panganggya pèni-pèni | tanaya duta umatur | sêmbahipun pun bapak | kaatura ing tuwan myang dhatêng prabu | safangat nata myang tuwan | kalintang asru pinundhi ||
53. kalih sarêngaras[81] pada | lèngsèr sakingarsa kang duta siwi | wayahira têngah dalu | manjing ing wanawasa | wong sapuluh kangiring[82] lampahe darung | ngalor ngetan wus apanggya | wadya kèh ginula milir ||
34. Dhandhanggula
1. nahan gantia ikang kawarni | ikang anèng praja Kartasura | sang nata sangêt gêrahe | sampeyan kalihipun | ikang gêrah tan kêna osik | otêr wong sajro pura | maras kang para rum | lawas tan miyosineba[83] | Radèn Arya Sindurja tikbra ing galih | myang Pangeran Dipatya ||
2. ikanglurug[84] kinèn animbali | mantri anèm papat agya mêsat | datan kawarna lampahe | ing Pranaraga rawuh | lan pangeran sampun apanggih | dhinawuhan timbalan- | ira sang aprabu | lajêng ingaturan wikan | ing gêrahe kang raka sri narapati | pangeran sru kampita ||
3. agya akèn angundhangi dasi[85] | Adipati Urawan sinungan | wikan myang nayaka kabèh | undhang têngara umung | budhal muntab sakèhing baris | ginêlêk lampahira | siyang miwah dalu | praptèng nagri Kartasura [Kartasu...]
--- [f. 138v] ---
[...ra] | jêng pangeran lajêng tumamèng jro puri | panggya lan raka nata ||
4. sumêsêp ing pada mangênjali | ing suku sang nêrpa ris ngandika | adhuh ariningsun dhewe | kayaparan lakumu | ikang rayi matur ngabêkti | inggih barkat paduka | raharjaning laku | sang nata malih ngandika | ingsun nyayi tămpa pasihaning Widdhi | lumpuh tanpa kêrana ||
5. kayaparan renanira yayi | apa ikang kinarya usada | pangeran alon ature | dhuh kawula anuhun | yèn angarsakêna jêjampi | pênêd tuwan nrimaha | sihing Yang kang dhawuh | pintên banggi sal apuran- | ing Pangeraning Alam Kang Maha Suci | tuwan khalifatolah ||
6. katarima ature kang rayi | naranata aris angandika | bênêr mêngkono antêpe | pangeran nêmbah mêtu | sinêngkalan gêrahira ji | wong nêmbah rasa tunggal |[86] lamine sataun | sang nata gyanira gêrah | wusawarsa[87] waluya kadya inguni | inggar wong sanêgara ||
7. nadarira sang sri narapati | kala gêrah kalamun waluya | anadar ngrampog sima kèh | kasukan sawadya gung | lumban ing sagara yasèki | angrampog wus kalakyan | sima kèh kang lampus | sang nata lajêng lêlumban | mring sagara yasa sawadya gêng alit | samya tumut sadaya ||
8. baya papat ingambilan [inga...]
--- [f. 139r] ---
[...mbilan] dhimin | myang bajule ginawanan mêntas | ikang dipun dikakake | Dyan Suryakusumèku | duk kalane mangsuk ing warih | kampuh rèjèng pêradan | tan mawi acucul | têlas bajul cinêkêlan | pan cinangking ing asta kiwa pribadi | samya binêtèng dharat ||
9. cingak sadaya ikang ningali | digjayane Dyan Suryakusuma | nulya kang wong dalêm kabèh | gumêrah samya ambyur | myang sang nata ambyur ing warih | tutug dènnya kasukan | ing sakonduripun | mring pura tulus raharja | praja Kartasura ing alami-lami | wontên ingkang winarna ||
10. gêrwanira Pangeran Dipati | ikang saking Ngonje apêputra | jalu apêkik warnane | lan ana sêliripun | saking abdi Kalang mêdali | antawis tigang căndra | dènnya asêsunu | babare dhingin kang gêrwa | saking Ngonje sami jalu ikang siwi | kang sêpuh winastanan ||
11. akêkasih Radèn Êmas Bumi | ikan[88] anèm Radèn Mas Panênggak | kang sêpuh katêltah[89] rane | karan Radèn Mas Sêpuh | lami-lami pêputra malih | gêrwanira pangeran | kang saking Ngojeku[90] | dados kalih putranira | sami jalu ikang anèm sinung kasih | Radèn Mas Alit rannya ||
12. sasampunira samya sinapih | katri samya pinundhut mring eyang | pinutra-putra ngeyange [nge...]
--- [f. 139v] ---
[...yange] | pan rama basanipun | radèn wayah dhatêng sang aji | katiga basa kangmas | dhatêng ramanipun | malih Pangeran Dipatya | sêlir saking Kalang apêputra èstri | tugil[91] Dèn Mas Panênggak ||
13. sinung aran Radèn Ayu Sasi | sêmana wus sêdhênge diwasa | kala cinatur urute | putranira kang jalu | katri pisan wus samya supit | parêng putra wanodya | tugêl kuncungipun | sinêngkalan tri pinêksa | rasaning rat putra têtiga duk supit |[92] tugêl kuncunge sang dyah ||
14. ana ikang kawarnaa malih | putra èstri saking Kapugêran | kalih lan kaponakane | Dyan Ayu Pugêr sêpuh | Ratu Êmas ikang gadhuhi | sinung aran ing nata | Dyan Ayu Kadhatun | Dyan Ayu Impun pinacang- | pacang lawan putra ji Pangran Dipati | karsanira sang nata ||
15. dening wayahira sri bupati | Radèn Êmas Sêpuh wus diwasa | wus sinungan panti dhewe | kilèning Lêmahdhuwur | sinung aran dening nêrpati | Pangeran Buminata | dening arinipun | kalih pan mêksih wêwujang | Radèn Êmas Panênggak wus sinung panti | sakilène kang rama ||
16. Radèn Ayu Kadhaton pinanggih- | akên lawan kaponakanira | Ratu Kancana wastane | Dyan Sumaningrat sêpuh | Radèn Mangunrana [Ma...]
--- [f. 140r] ---
[...ngunrana] kang rayi | Rahadèn Sumaningrat | kang pinundhut mantu | ing nata panggih kalawan | Radèn Ayu Kadhaton sinungan panti | sakiduling kadhatyan ||
17. sinêngkalan catur boja rêsmi | tunggil warsa kalawan pangeran |[93] Dipati Anom panggihe | lawan Dyan Ayu Impun | karsa nata lêwih mrayogi | dyan ayu kang gumantya | karangulunipun | ing raka Dyan Ayu Lêmbah | sangêt marma yèn putra nora apanggih | lan putri Kapugêran ||
18. sang mangun rêsmi datan winarni | putra-putri kalangyan ing tilam | datan ginêlar tuture | kang tansah adon lulut | ya ta wontên ingkang winarni | putranira pangeran | swargi Singasantun | pan sampun ingambil putra | mring kang uwa Pangeran Pugêr Dipati | pinupu alit mila ||
19. sasedane Pangran Singasari | Pangeran Pugêr kang mupu putra | kêkalih sanak dhingine | Radèn Santri kang sêpuh | Radèn Punta rane kang rayi | kang sêpuh pan kinarya | mantri nèming prabu | sêmana Rahadèn Punta | kesah nêpi mring astana Têgalwangi | andêdagan ing eyang ||
20. kapiyarsa dhatêng sri bupati | tuwin Pangeran Pugêr Dipatya | sampun miyarsa wartine | pan tinimbalan sampun | mring kang uwa myang ing pêpatih | nanging Rahadyan Punta |
--- [f. 140v] ---
datan arsa kondur | kêdah dêdagan ing eyang | katur ing sang nata gya Tumênggung Têgil | dinuta kèn nguwisna ||
21. budhal sawadya datan asari | Rêksanagara agêgancangan | datan kawarna lampahe | nagri Tatêgal rawuh | ki tumênggung pan asangadi | kadukan ing sang nata | rahadèn ingapus | ngaturan têdhak mring praja | Radèn Punta sagah jinungjung nêrpati | dening Tumênggung Têgal ||
22. Radèn Punta manahira gampil | molog arsa jinungjung narendra | radèn asuka driyane | têdhak mring praja gupuh | rinakitan ing para mantri | sira Rahadèn Punta | cinêpêng kapikut | linawe sampun palastra | Radèn Punta anèng masigit Tatêgil | apan karsaning nata ||
23. layonira pinêtak ing Têgil | nulya katur ing sri naranata | suka ing dalêm kalbune | tan wande dadi riwuk | yèn awèta amangun brangti | mila suka narendra | ing dyan pêjahipun | sangkala anunggal warsa | lan kramane Radèn Sumaningrat uni | lan pêjahe Dyan Punta ||
24. ya ta ing antara mung sawarsi | Radèn Arya Sindurêja gêrah | lajêng dhumatêng pêjahe | sri narendra angungun | pêjahira radèn apatih |
--- [f. 141r] ---
ing dhusun Parimana | gènira kinubur | sinêngkalan pêjahira | dyan apatih buta kalih măngsa jalmi |[94] kawarnaa sang nata ||
25. ikang arsa jinungjung pêpatih | wadana jro kaparakang[95] kanan | Tumênggung Sumabratane | ingèstrèn ing wadya gung | ana dasihira nêrpati | Ki Ăngga Suranata | jinungjung lêlungguh | ran Tumênggung Wiraguna | madanani Kaparak Têngên asisih | Tumênggung Wirarêja ||
26. minangka patih jêro kang jawi | uwising Tumênggung Sumabrata | Pangeran Dipati Anèm | sinung wawênang ratu | aparentah sagung bupati | jawi lêbêt sadaya | sira Ki Tumênggung | Sumabrata Wiraguna | barang ikang prakawis samya tur uning | ing Pangeran Dipatya ||
27. antara sawarsa winatawis | Adipati Urawan palastra | tan adarbe suta dhewe | ampase pinartêlu | Wirarêja ikang sabagi | saduman Wiraguna | kang sadumanipun | Sarawadi Suranata | pan jinujung lêlungguh dening nêrpati | saha sinungan aran ||
28. Tumênggung Wirasastra namèki | ikang kabubuhan kang saduman | Ki Urawan têtilare | mangkana kang winuwus | narpa kalanira nimbali | ing putra Jêng Pangeran | Dipati gya rawuh | ingarsa nata manêmbah | angandika aris sang
--- [f. 141v] ---
sri narapati | dhuh kaki putraningwang ||
29. dèn abêcik olèhira akrami |[96] lan arinira ing Kapugêran | ingsun iki uga êmèh | na karsaning Hyang Agung | besuk kaki saungkur mami | darapon lastaria | jênêngira ratu | aja kuwur kang punggawa | lawan aja sira kaki bèncèng pikir | lan kadang warganira ||
30. poma pamanira Adipati | Pugêr lawan adhi Cakraningrat | karo kulanana tyase | amriha sih[97] sirèku | wong kêkalih iku upami | têtampah pamanira | Pugêr iku wêngku | jêjête Si Cakraningrat | yèn sira tan tinunggu wong roro ugi | nora dadi wêwadhah ||
31. ingsun iki liwat dening watir | atinggal kaprabon marang sira | durung pracaya salire | marmèng sun mandhêg mangu | yèn sira tan ngowah-owahi | ing salir tingkahira | agal lawan lêmbut | prakaraning mêngku praja | akèh lire ratu drêsananing Widdhi | warananing Hyang Suksma ||
32. pangran kala ingandikan enjing | kongsi lingsir dènira winulang | ing rama anèng panêpèn | nitipraja winangun | jalengkara kalawan sruti | solahing asthabrata | kang kinarya muruk | paniti awantya-wantya | nisthaning narendra myang madyaning aji | lèn utamaning nata ||
33. Pangran Dipati asêmu
--- [f. 142r] ---
tangis | tan kawêdal i driya anarka | ywan kang rama sang nata mèh | puput ing yuswanipun | pangran nêmbah anulya mijil | kondur mring dalêmira | kadipatèn rawuh | ganti warsa naranata | animbali ing putra grahnya ngranuhi | mèh praptèng dalêm ajal ||
34. wus karsaning Hyang gêrahira ji | sangêt datan arsa ingusadan | madhêp ing Hyang Amurba Ngrèh | prapta ing sedanipun | Sêptu Kliwon Jumadilakhir | ing wayah sirêp bocah | tanggal tiga likur | taun Alif sinêngkalan | gora padha otêr wong sadalêm puri |[98] umyang sami karuna ||
35. gumêr lir gêrah swaraning tangis | Pangeran Adipati nèng pura | kêrigan wong kadipatèn | samya abaris tugur | amêlatar ing Srimanganti | wadana jro wus prapta | sadaya umangsuk | ing pura laywan narendra | siniraman para gêrwa anungkêmi | ing pada sru karuna ||
36. nulya pinarnahakên ing kathil | Pangeran Adipati nèng dagan | miwah para wayah kabèh | kinapan jawi umung | wong Kaparak baris ngidêri | capuri wong Kaparak | samya baris tugur | ing dalu tan kawarnaa | tatasiyang[99] sira Pangeran Dipati | pinarêk wijil pisan ||
37. wadya kadipatèn agêng alit | sangkêp ing Srimanganti gumêrah | samapta sagêgamane | Pangeran Dipatya wus | pinarêk [pina...]
--- [f. 142v] ---
[...rêk] ing dhêdhampar rukmi | andhèr pratiwanira | supênuh ingayun[100] | myang wadana jro sadaya | nayaka jaba sadaya saos kardi | anèng ing pagêlaran ||
38. miwah pasisir măncanêgari | pêpêk andhèr anèng pagêlaran | myang pangeran tri wusuwe[101] | gya Sumabrata matur | ing Pangeran Dipatya gusti | dhuh rama jêng paduka | pangeran katêlu | arsa wruh laywaning raka | Pangran Pugêr Panular Arya Matawis | samya anuhun lilah ||
39. ngandika sru Pangeran Dipati | sakarêpe ya sira lêbokna | arsa wruh ing sadulure | Sumabrata gya mêtu | wangsul ngirid pangeran katri | Pangran Pugêr ing têngah | anèng kananipun | Pangeran Arya Panular | Pangran Arya Mataram anèng ing kèri | sapraptanirèng pura ||
40. Jêng Pangeran Dipati pan maksih | pinarêk ing regol ingkang paman | tri prapta linajêngake | ingaturan umangsuk | pura prapta pangeran kalih | samya nungkêmi pada- | ning layon pinêngkul | Pangeran Arya Panular | siji sewang lan Pangran Arya Matawis | Pangran Pugêr sêmana ||
41. kalananganira kang raka ji | sinungkêman marang jêng pangeran | kacatur kalam madêge | kadya duk gêsangipun | mangsa arsa pupul ing èstri | pangeran ebat ing tyas- | ira duk andulu | cahya sapucuking kalam | anêlahi kang cahya mancur awêning [awê...]
--- [f. 143r] ---
[...ning] | sacakraning gilingan ||
42. cinêcêp ing pangeran nulya glis | saicaling cahya ikang kalam | mari ngadêg rubuh manèh | wus karsaning Hyang Agung | nurbuwating ratu angalih | Kapugêran pangeran | ri kalih tanna wruh | ing cahya amung kang raka | Pangran Pugêr ikang uning gênti waris | amêngku rat sa-Jawa ||
43. dipati anèm madêge aji | anèng Kartasura winastanan | nênggih ratu wêla bae | panurbuwating[102] ratu | ngalih Kapugêran winarni | pangeran tri umêdal | panangkilan rawuh | layon dalêm wus binêkta | mêdal ing paseban kidul layon aji | sinare Girilaya ||
44. kang angiringakên mring Magiri | para mantri gêdhong myang kaparak | Ratu Kancana andhèrèk | ambêkta reyal sèwu | kaskayaning nata pribadi | dudu wêtuning praja | arta muklis iku | saking karingêting asta | lan Dyan Suryakusuma kinèn angiring- | akên layoning uwa ||
45. kawarnaa Pangeran Dipati | animbali Patih Sumabrata | prapta ngarsa tur sêmbahe | pangeran ngandika sru | ingsun madêg aji samangkin | Ki Patih Sumabrata | manêmbah umatur | dhuh gusti inggi[103] prayogya | punapa tan mawia wartèng Kumpêni | ing sedane sang narpa ||
46. lan malihe marcayakên[104] [marca...]
--- [f. 143v] ---
[...yakên] gusti | ing pangadêg paduka narendra | pangran aris andikane | yèn uwis madêg ingsun | sira wèha wruh ing Kumpêni | ing mêngko sun tan arsa | yèn awèha wêruh | wisumabrata[105] mêtua | lan sakèhing nayaka aja na mulih | ingsun arsa kampuhan ||
47. nêmbah Patih Sumabrata mijil | Pangeran Adipati sayaga | kapêdhak wus mêtu kabèh | tata tanna kaliru | prênahira amagêrsari | sagung para santana | myang pra nayaka nung | pasisir măncanagara | pêpêk anèng paglaran wadya gêng alit | pênuh tanpa wilangan ||
48. ki pangulu lajêng samya nangkil | para khaji pradikan sadaya | myang para kêtib modine | Suranata pra umbul | atanapi Pangeran Sarif | gurunira kang swarga | têdhak rasul tuhu | Pringarab kala rawuhnya | sinungga sêmana mijil saking puri | lajêng mring pagêlaran ||
49. Suranata kêtib lawan modin | saparo kang ngiringakên laywan | saparo kari sakèhe | ingkang bali ing Sanggung | prapta samya lajêng sumiwi | wong dalêm wus pinêpak | ampilan sinambut | miyos pangeran kang paman | gya Pangeran Pugêr amêdhuk Sitinggil | tundhuk ing narpasuta ||
50. kèndêl ing witana ngandika ris | Pangeran Adipati mring paman | kawularsa [kawu...]
--- [f. 144r] ---
[...larsa] madêg raje | paman andika jurung | ing pangadêg kula nêrpati | Pangran Pugêr turira | sandika turipun | saksana parêng tumêdhak | saking Sitibêntar praptèng păncaniti | munggèng pangrawit bangsal ||
51. pinarêk ing dhêdhamparinukmi[106] | ampilan aglar ing kèri kanan | marapit sakaprabone | wiyosan ikang surud | pan sadaya binêkta mijil | Pangeran Pugêr agya | ngadêg anèng pungkur- | ing putra asru ngandika | hèh wong Kartasura sadaya gêng alit | padha angèstrènana ||
52. yèn putraningsun Ki Adipati | Anom ingsun jujung[107] madêg nata | padha ngèstokêna kabèh | sakèhing nayaka nung | pra dipati asaur pêksih[108] | samya matur sandika | amung Ki Tumênggung | Sumabrata sru anyêntak | aja ta andika adêgna pan uwis | anggèr madêg priyangga ||
53. Pangeran Pugêr kèndêl tan angling | èsmu merang sadalêming driya | kadya luluh saèsthine | ing tyasira amuhun | atangawud rêm-rêm ing galih | Pangeran Pugêr nulya | tumêdhak alungguh | awor lawan arinira | Pangran Arya Panular Arya Matawis | tumungkul ing bantala ||
54. sagung para punggawa ningali | marma ing driya sigra Apatya | Sumabrata majêng age | angaras pada prabu | pra nayaka [naya...]
--- [f. 144v] ---
[...ka] aganti-ganti | samya ngujung karatyan | myang pra nayaka nung | pasisir măncanagara | dening ingkang paman jêng pangeran katri | majêng asasêlaman[109] ||
55. tan adangu dènira tinangkil | nulya kondur ginarbêg biyada | sang wus madêg prabu anèm | sopacarane ngayun | sakondure sang nata siwi | sagung wong dalêm pura | amapag ing pintu | sapraptaning Prabayasa | nata ikang ibu nulya dèn aturi | Ratu Kilèn gya prapta ||
56. sang nata gya akèn angundhangi | yèn ingkang ibu jinungjung nama | Ratu Agêng jêjuluke | mufakat sakadhatun | yèn Jêng Ratu Kilèn ing mangkin | Ratu Agêng wastanya | ing nguni cinatur | putra nata mung sajuga | dening ikang graha tri tan asêsiwi | amung Jêng Ratu Kilyan ||
57. para sêlir kalamun kawarti | ana wawrat sawulan tri wulan | Ratu Kilèn myarsa age | sinanjan wismanipun | singa-singa gêrwanira ji | kang wawrat gya sinanjan | Ngratu Kilèn runtuh | wênèh kang musna kewala | iya Ratu Kilèn ikang anjapani | tuhu drusilèng ing tyas ||
58. sang sri ngandika parêkan jawi | dhawuhana ya Si Sumabrata | konên angundhangi kabèh | sakèhing nayaka nung | atanapi kang para mantri | padha makajangana | yèn wis pitung dalu |
--- [f. 145r] ---
salamête ikang swarga | punggawa kang makajangan muliha mring | wisma ngungkurna pura ||
1 | Tanggal: wong nêmbah rasa tunggale (AJ 1621). Tahun AJ 1621 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Juli 1697 sampai dengan 9 Juli 1698. Sangkala ini mengacu pada pernikahan Pangeran Adipati Anom (kelak Amangkurat III) dengan Dyan Ayu Lêmbah, putri dari Pangeran Puger. Peristiwa ini diceritakan secara rinci dengan suasana upacara kerajaan yang megah, dan diikuti dengan konflik internal dalam keluarga. (kembali) |
2 | junungjung (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
3 | sumungkêm. (kembali) |
4 | ingandêl (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 119.29.6). (kembali) |
5 | Bandingkan: sabine ngalih jung (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 136.133.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 46.132.7); sabinya ana jung (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 119.29.7). (kembali) |
6 | maring ngajêngan. (kembali) |
7 | nglangkungi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
8 | langkung. (kembali) |
9 | Tanggal: boja pêksa rasaning pratala (AJ 1622). Tahun AJ 1622 jatuh antara tanggal Masehi: 10 Juli 1698 sampai dengan 28 Juni 1699. Sangkala ini mengacu pada proyek besar pembangunan "sagara yasa" (danau buatan atau kolam besar) yang diperintahkan oleh Pangeran Dipati Anom (kelak Amangkurat III). Proyek ini mencerminkan kekuasaan simbolis dan ritual, tetapi juga terjadi bersamaan dengan konflik moral di lingkungan istana. (kembali) |
10 | Kurang satu suku kata: mangkana ta sang prabu. (kembali) |
11 | maring ngayun (dan di tempat lain). (kembali) |
12 | arsa (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 214.19.5). (kembali) |
13 | ngunandikèng. (kembali) |
14 | angêbon (dan di tempat lain dan bentukannya). (kembali) |
15 | dèwi. (kembali) |
16 | unandikanya. (kembali) |
17 | mangkya. (kembali) |
18 | kêkuncungnya. (kembali) |
19 | nyampingnya. (kembali) |
20 | Terdapat dua sandangan: anaking atau anake. (kembali) |
21 | Lebih satu suku kata: kalawan dipati anom. Bandingkan: lan pangran dipati anom (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.4.3); kêlawan dipati anom (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 138.4.3). (kembali) |
22 | anabêt turangga. (kembali) |
23 | nandêr. (kembali) |
24 | asangêt turune. (kembali) |
25 | langguk. (kembali) |
26 | kumingsun (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 138.38.5). (kembali) |
27 | angiwat tamsir. (kembali) |
28 | pantês sudirèng. (kembali) |
29 | sikêp pêdhang (dan di tempat lain). (kembali) |
30 | jaluk karya-. (kembali) |
31 | Lebih satu suku kata: kawarnaa sang kusuma. (kembali) |
32 | anangsayèng. (kembali) |
33 | katingal liyane. (kembali) |
34 | cindhe. (kembali) |
35 | Lebih satu suku kata: dènnya ngandika aris. Bandingkan: sarwi ngandika aris (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 142.20.5; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 220.13.5). (kembali) |
36 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dhuh radèn sampun-sampun (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 143.2.4). (kembali) |
37 | Kurang satu suku kata: Ni Tambakbaya umatur aris. (kembali) |
38 | pangungrum. (kembali) |
39 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: muka sumung-sumung (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 221.10.7). (kembali) |
40 | padoning (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 221.10.8). (kembali) |
41 | Kurang satu suku kata: sira aturna ing paman. Bandingkan: mêsat saking ngarsanira (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 125.12.8). (kembali) |
42 | tinumbas. (kembali) |
43 | ambêk (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 125.23.6). Bandingkan: mahambêk (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 143.28.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 221.25.6). (kembali) |
44 | anèng ngarsandhèr. (kembali) |
45 | yayi (dan di tempat lain). (kembali) |
46 | saking ngarsaning (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
47 | galap (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 143.45.2). (kembali) |
48 | nyêlong. Bandingkan: nyêlongi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 144.4.3); cêlong (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 222.23.3); anglong (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.129.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 126.4.3). (kembali) |
49 | nyandhak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.131.2). Bandingkan: anyandhak (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 126.6.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 144.6.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 222.25.2). (kembali) |
50 | wrat trêsna. (kembali) |
51 | wimbuh (dan di tempat lain). (kembali) |
52 | wong. (kembali) |
53 | Bandingkan: sisih sami Nirbaya (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 145.3.4). (kembali) |
54 | sangêt trêsnanipun. (kembali) |
55 | mêdal lampahira. (kembali) |
56 | ing ngandhap. (kembali) |
57 | cinandhak krisira. (kembali) |
58 | darubêksi (dan di tempat lain). (kembali) |
59 | Lebih satu suku kata: pan ingambil sunu. (kembali) |
60 | tigang (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.23.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.23.1). (kembali) |
61 | aris sri (dan di tempat lain). (kembali) |
62 | amundhuta. (kembali) |
63 | mangkin. (kembali) |
64 | mas sun. Bandingkan: dhimas ingong (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.58.4). (kembali) |
65 | Lebih satu suku kata: kula jrih nglangkungi karsa raje. Bandingkan: datan kenging nglangkungi karsane (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 146.61.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.60.3). (kembali) |
66 | Lebih satu suku kata: kadya napa gènipun anglèsi. Bandingkan: kados punapa ênggèn anglèsi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.63.1). (kembali) |
67 | karsaningong. (kembali) |
68 | dodot. (kembali) |
69 | wus saos. (kembali) |
70 | janjan (dan di tempat lain). (kembali) |
71 | budhal lumaris (dan di tempat lain). (kembali) |
72 | surak kadya (dan di tempat lain). (kembali) |
73 | ingkang ngili (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
74 | Caruban nagari. (kembali) |
75 | bodhol lampahipun. (kembali) |
76 | wus sinung (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
77 | atmajèng. (kembali) |
78 | mamprung (dan di tempat lain). (kembali) |
79 | budhal lampah. (kembali) |
80 | Kurang satu suku kata: Radèn Lêmbu Lêmbora budhal ing dalu. (kembali) |
81 | sarêng ngaras. (kembali) |
82 | kang ngiring (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
83 | miyos sineba (dan di tempat lain). Bandingkan: sinewaka (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.1.8). (kembali) |
84 | ingkang nglurug. Bandingkan: kang anglurug (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.2.1). (kembali) |
85 | dasih. Bandingkan: wadya lit (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.3.1). (kembali) |
86 | Tanggal: wong nêmbah rasa tunggal (AJ 1621). Tahun AJ 1621 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Juli 1697 sampai dengan 9 Juli 1698. Sangkala ini mengacu pada masa sakitnya Amangkurat II selama satu tahun sebelum akhirnya sembuh. (kembali) |
87 | wus sawarsa. (kembali) |
88 | ingkang. (kembali) |
89 | katêlah. (kembali) |
90 | Ngonjeku. (kembali) |
91 | tunggil (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: tunggal (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.12.10). (kembali) |
92 | Tanggal: tri pinêksa rasaning rat (AJ 1623). Tahun AJ 1623 jatuh antara tanggal Masehi: 29 Juni 1699 sampai dengan 18 Juni 1700. Lihat juga: mantri roro rasa tunggal (AJ 1623) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.11.8); mantri kalih rêtu tunggal (AJ 1623) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.13.8); mantri roro rêtu tunggal (AJ 1623) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.13.8). Sangkala ini menandai upacara sunatan dan pemotongan rambut anak-anak raja, termasuk Dyan Ayu Sasi. (kembali) |
93 | Tanggal: catur boja rêsmi tunggil (AJ 1624). Tahun AJ 1624 jatuh antara tanggal Masehi: 19 Juni 1700 sampai dengan 7 Juni 1701. Lihat juga: warnaning buja angrasa wani (AJ 1624) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.17.1); warna sikara ngrasani wani (AJ 1624) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.17.1). Bandingkan: warna bujăngga ngrasani wani (AJ 1624); (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.17.1); warna bujăngga angrasa wani (AJ 1624) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.15.1). Sangkala ini mengacu pada hubungan baru antara Pangeran Dipati Anom dan Dyan Ayu Impun, setelah perpisahannya dengan Dyan Ayu Lêmbah. (kembali) |
94 | Tanggal: buta kalih măngsa jalmi (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. Lihat juga: buta kalih măngsa jalma (AJ 1625) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.24.9);. buta kali [kalih] ngrasa tugil (AJ 1625) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.24.9) buta kalih ngrasa tunggil (AJ 1625) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.22.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.24.9). Sangkala ini mengacu pada wafatnya Patih Arya Sindurêja, salah satu pejabat tinggi di Kartasura. (kembali) |
95 | Kaparak kang. (kembali) |
96 | Lebih satu suku kata: dèn abêcik olèhira krami. Bandingkan: dèn abêcik gonira akrami (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.27.1); dèn abêcik gènira akrami (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.29.1); dèn abêcik dènira akrami (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.29.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.29.1). (kembali) |
97 | Terdapat dua sandangan: sih atau sèh. (kembali) |
98 | Tanggal: Sêptu (Sêtu) Kliwon tiga likur (23) Jumadilakhir Alif (Alip): gora padha otêr wong (AJ 1627). Tahun Masehi: Minggu 4 November 1703. Perbedaan satu hari (Sêtu versus Minggu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. Bandingkan: ardi kalih rasa tugil (AJ 1627) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.34.9). Tanggal ini menandai wafatnya Amangkurat II dan menjadi titik awal naiknya Pangeran Dipati Anom sebagai raja. (kembali) |
99 | tatas siyang. (kembali) |
100 | ing ngayun (dan di tempat lain). (kembali) |
101 | wus suwe. (kembali) |
102 | pan nurbuwating (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
103 | inggih. (kembali) |
104 | marcayakkên. (kembali) |
105 | wis Sumabrata. (kembali) |
106 | dhêdhampar rinukmi. (kembali) |
107 | jungjung (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
108 | pêksi. (kembali) |
109 | asêsalaman. (kembali) |