Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45)

Judul
Sambungan
1. Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 13–21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 22–34). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 46–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 50–59). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 31-03-2025

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- [f. 145r lanjutan] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 1 dari 105

35. Pangkur

1. parêkan manêmbah mêdal | praptèng jawi ki patih dèn dhawuhi | timbalanira sang prabu | patih matur sandika | lajêng angundhangi kang para tumênggung | sadaya amakajangan | myang pasisir măncanagri ||

2. sêmana ing dina Soma | naranata enjing miyos tinangkil | pêpêk wadya punggawa gung | abdi dalêm Kaparak | magêrsari tan kaliru prênahipun | tan owah kadya kang swarga | jênêngya kala tinangkil ||

3. pinarêk anèng witana | naranata munggèng dhêdhampar gadhing | angandika mring Tumênggung | Sumabrata Si Soda | ingsun jungjung lêlungguh sun wèhi juluk | Ariya Mandurarêja | mêdanani wong Panumping ||

4. Ki Apatih Sumabrata | tur sandika jumurung ing karsa ji | myang para nayaka anung | jumurung karsa nata | lawan malih wong kadipatèn winuwus | awasta Ki Pusparaga | pranakan Cina Sêmawis ||

5. langkung dening kinasihan | ing sang nata ingandêl saba puri | ingangkah sudarèng prabu | sira Ki Pusparaga | tinariman èstri ingkang asêsunu | Radèn Arya Mangunrana | têtarimane sang aji ||

6. saha kinulawisuddha | tur jinungjung santana sinung linggih | cacah sèwu tigang atus [a...]

--- [f. 145v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 2 dari 105

[...tus] | sarta sinungan aran | Jayaningrat Tumênggung jêjulukipun | kagêga saaturira | ingapura dosa pati ||

7. sang nata malih ngandika | hèh Tumênggung Sumabrata sirèki | awèha wêruh Kumêndur | Hindrikansah Japara | lan Kapitan Kênol Sêmarang ja kantun | warahên yèn rama seda | ingsun kang jumênêng aji ||

8. kang jaga loji Sêmarang | ran Kapitan Kênol pan durung salin | dimène suratku banjur | marang ing Batawiyah | ya Si Kênol ikang nglantasna ing besuk | Sumabrata tur sandika | amatah kaliwon jawi ||

9. amundhi surating nata | lèngsèr saking ngarsa angirid mantri | sang nata anulya kondur | ginarêbêg biyada | praptèng pura sang nata nimbali gupuh | mring Apatih Sumabrata | sapraptanira jro puri ||

10. ngandikan ingarsa nata | nêmbah majêng sang nata ngandika ris | hèh bapa sira sun tantun | pan jênêng ingsun nata | sapa ikang dadi sêsukêring kalbu | tuwin wong atuwaningwang | êndi ikang malanjêri ||

11. umatur Ki Sumabrata | datan wontên ingkang karasèng ati | amung satunggal pukulun | ikang mangkêl ing driya | ămba ajrih amastanana puniku | mèsêm sang nata wus duga | tan ana liyane maning ||

--- [f. 146r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 3 dari 105

12. mung paman Pugêr kang dadya | malanjêri nanging ewuh ing ati | anake maksih sun wêngku | anèng jro sun watara | kaya nora kalakon salah maring sun | Ki Apatih Sumabrata | manêmbah umatur aris ||

13. manawi rama paduka | lilèng sunu amrih rêbat nêgari | bêbantêning putranipun | yèn dinamêl pangulah | sandi guna upaya dènnya mrih tungkul | luwanging rêbat kawiryan | tan mulat putra satunggil ||

14. dilalah karsaning Suksma | naradipa ing galihira gampil | Ki Sumabrata wus mêtu | sêmana naranata | ikang gêrwa winêdalakên agupuh | putri saking Kapugêran | wus karsaning Hyang tan gingsir ||

15. tan emut ingkang wawêkas | sira ikang swarga dyan ayu mulih | Kapugraning ramanipun | antara pitung dina | lan sedane kang swarga kang mangka Ratu | Kancara gêrwa narendra | sinêmbah ing wong sapuri ||

16. kang saking Ngonje kinarya | pamungkase mumpuni wong sapuri | nahan gantia winuwus | ikang amêtak laywan | nèng Magiri Ratu Kancana atugur | ing dagan reyal sanambang | kinarya tilawat ngaji ||

17. kêrig kaum pajimatan | siyang dalu gumuruh padha ngaji | anèng dagan arta sèwu |

--- [f. 146v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 4 dari 105

têlas kinarya boga | mring wong pêkir mêmule dhatêng kang surud | kabèh kaum pajimatan | asalin nyamping kulambi ||

18. Mantri Gêdhong myang Kaparak | ingkang dhèrèk layon maring Magiri | sadaya wusamya mantuk | myang Kêtib Suranata | amung Radèn Suryakusuma tan kondur | maring praja Kartasura | nèng Mataram madêg baris ||

19. anèng dhusun Ngenta-inta[1] | graitanya radèn tan arsa mulih | rêmbag lawan êmbanipun | sira Radèn Surăngga | datan rêmbag tansah angaturi kondur | Rahadèn Suryakusuma | tan kêna dipun aturi ||

20. mangkana lingira radyan | Kangmas Adipati yèn madêg aji | dilalah ing jagat rêtu | dening wus kacampuran | wiji Jawa saparo rucah ing ibu | saparo iku kusuma | tinggal adating Matawis ||

21. măngsa silih bakal nata | kêna kawoworan wijiling cili | ala bawane arusuh | wantu campur ing kula | wus dilalah wa aji datan sêsunu | lawan putri ing Sumêdhang | rabine Jawa mêtoni ||

22. iku tandhaning Pangeran | mratelakên[2] ing apêse wa aji | apanurbuwating[3] ratu | wiji tan kawoworan | jalu èstri kang minangka [minang...]

--- [f. 147r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 5 dari 105

[...ka] marganipun | padha taliti Mataram | nurbuwat karatyan Jawi ||

23. swargine jêng êmbah-êmbah | kyai agêng tumurun senapati | purwanira madêg ratu | kongsi têdhak-tumêdhak | kang Surăngga lêluri kang dadi ratu | kang padha asomah kadang | kang anurunakên aji ||

24. yèn tan asomah akadang | iya iku nêdya mungkasi wiji | tanêdya[4] nurunkên ratu | swargi wa maring kangmas | pamulange kalintang gènnya mrih ayu | duk kangbok maksih kagêrwa | karsaning Hyang mratelani ||

25. parandene nora kanggya | karantêne mangkya sun nambak pati | ngadêg amangun ing pupuh | jamak wong rêbut praja | kalah sirna yèn mênang tulusa mêngku | kalamun ajrih ing pêjah | dudu wong rêbut nêgari ||

26. kang Surăngga ngirupana | padêdesan kanan kèri Matawis | ingsun arsa madêg prabu | Panata Ingagama | kang anama Radèn Surăngga puniku | rumiyin têdhak Purbayan | kaipe ing sang apêkik ||

27. wusamya nungkul sadaya | wong Mataram miwah Kilènpêragi | Kêdhu Bagêlèn sumuyud | andadi barisira | wus akarya kadhatyan myang alun-alun | pawatangan Nginta-inta[5] | wau ikang dèn kithani ||

28. liwat agênging gêgaman | pan salêksa kalih èwu watawis | rahadèn [raha...]

--- [f. 147v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 6 dari 105

[...dèn] ing sabên Sêtu | miyos ing pawatangan | kawarnaa Ratu Kancana kang tunggu | daganing raka tilawat | mêmule ing siyang latri ||

29. duk sêmana kagegeran | dadya Ratu Kancana kesah ngili | mangetan anjog ing Gunung- | kidul lajêng tumêdhak | dhusun Pamasaran sapraptaning Sanggung | pinêthuk wong Kartasura | lajêng malêbêt ing puri ||

30. sang nata sampun miyarsa | yèn Rahadèn Suryakusuma balik | arsa angêndhih kaprabun | sêdya madêg narendra | langkung duka sang nata narka ing kalbu | yèn pakène ingkang paman | pangrasanira sang aji ||

31. nimbali Ki Sumabrata | gya Apatih Sumabrata sumiwi | lan nayaka jêro catur | prapta ngarsaning nata | angandika sang nata atungtung bêndu | bapa polahe Sudira | yèn ingsun rasa ing ati ||

32. pangajane ingkang gêrang | kang tan yakti paman Pugêr ing kami | hèh bapa undangên gupuh | paman mring pagêlaran | sarayate bêthèkana ngalun-alun | aja na kang kakêrisan | sawadyane kang sinêlir ||

33. apadene para lurah | padha lêbokêna aja na kari | kang dudu lêlurah iku | padha anaa jaba | aja sandhing gêgaman tumbak lan dhuwung | wêdhung pangot singgahêna | lan sakèhe pra dipati ||

34. pasisir măncanagara [mă...]

--- [f. 148r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 7 dari 105

[...ncanagara] | abarisa samaptaning ajurit | Sumabrata nêmbah mundur | myang pratiwa jro papat | praptèng jawi ki patih nimbali gupuh | Lêlurah Gandhèk dinuta | ing patya kinèn nimbali ||

35. mring Pangeran Pugêr agya | sarayate miwah kang para siwi | myang kawulawarganipun | Lurah Gandhèk gya mêsat | lampahira ing Kapugêran umangsuk | panggya pangran dhinawuhan | ing timbalanira aji ||

36. sandika aturnya sigra | para putra kulawarga kinêrig | praptèng pagêlaran pangguh | lan Patih Sumabrata | pêpêk para punggawa santana kêpung | Ki Apatih Sumabrata | dhawuhkên timbalan aji ||

37. hèh pangeran atampia | timbalane gusti sri narapati | kawula kinèn amundhut | ing dhuwung jêngandika | myang kêrise kulawarga para sunu | pangran umatur sandika | sigra ngasrahakên kêris ||

38. kang para putra sadaya | myang kang wadya samya kinèn srah kêris | Radèn Dipataruna wus | srah dhuwung myang Rahadyan | Martatruna Dyan Wăngsataruna sampun | lan Radèn Săngka Sudama | mung Radèn Ăntawiryèki ||

39. kang dèrèng asrah curiga | tanpa ngucap anjêtung sotyanyandik | sasêmutên jajanipun | samya jrih kang tumingal |

--- [f. 148v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 8 dari 105

mring rahadyan kalintang dèning arêngu | obah sagunging gêgaman | maras sagunging bupati ||

40. kang rama ris angandika | Ăntawirya sira asraha kêris | iku kêrsane sang prabu | pan sira tanpa dosa | rumasaa yèn wis karsaning Hyang Agung | nata kinarya jalaran | nadyan tumêka ing pati ||

41. anggolèki pati apa | kang utama mati kalawan sahid | sun upatani sirèku[6] | yèn ora srah curiga | Radèn Ăntawirya ajrih ngramanipun | sigra apasrah curiga | miwah sakathahing dasih ||

42. Banyakpatra Sêtrajaya | Jiwasuta Jayadrêma srah kêris | kang aran Sêtrajayèku | sutane Surajaya | pan wus pêjah lawan Ki Tambakbayèku | Surajaya tilar suta | apan kinarya pêpatih ||

43. dhingin kinarya galadhag | sapatine kang rama dadi patih | duk maksih galadhagipun | aran Ki Sêtrawăngsa | nulya dadya patih ran Sêtrajayèku | kawula ing Kapugêran | gangsal wêlas kang srah kêris ||

44. pangeran wus ingaturan | mring pasebanira dipun bêthèki | saloring waringin kurung | gènira binêthekan | Jêng Pangeran Pugêr lan sarayatipun | kang mulat samya smu waspa | kancana kalêban warih ||

36. Maskumambang

1. para gêrwa sadaya samya anangis [anangi...]

--- [f. 149r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 9 dari 105

[...s] | myang putra wanodya | sêsambate amlasasih | sarwi mala-mala jaja ||

2. kaniaya sang nata kaliwat luwih | tan amawi priksa | anarka ngajan-ajani | ing polahe kakang êmas ||

3. nadyan anak sapa ikang angawruhi | wus padha diwasa | wus apisah salu panti | nora kawêngku sudarma ||

4. jêng pangeran aris angandikèng siwi | lah sira mênênga | pan wis karsaning Hyang Widi | tanbuh kang sira wicara ||

5. lara pêjah pan wus bubuhaning dasih | panduming Pangeran | tan kêna owah lan gingsir | nata minangka jalaran ||

6. narimaa yèn wis titahing Hyang Widi | yèn sira êsaka | duraka kapindho ugi | ing ratu lawan ing Suksma ||

7. ajrih ikang dinukan kang samya nangis | mênêng mingsak-mingsak | sirêp sagunging pawèstri | waspa adrês lir turasan ||

8. kang angrêksa wong Kartasura abaris | ngalun-alun aglar | nayaka jêro myang jawi | sangkêp sagêgamanira ||

9. kang tumingal sadaya asêmu tangis | wadya Kapugêran | tan ana atilar gusti | nèng jawi bêthèk atêngga ||

10. pirang dina tan ana ngrasani bukti | dalu tan anendra | myang para graha lan siwi | samya amucang kewala ||

11. gêrwa nata Radèn Ayu Impun nênggih | putri Kapugêran | wus winêdalakên lami [la...]

--- [f. 149v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 10 dari 105

[...mi] | tumuta nèng pabêthekan ||

12. dhasar ayu karwaban ing manah kingkin | sinjang cindhe sêkar | kakêmbên gadhung tinêpi | lungsêt kêbês dening waspa ||

13. warna pelag ataji[7] dhahar aguling | lir laywaning sêkar | rema pusak muyêk wilis | sêsinom kasrang pawana ||

14. kadya mega ăndrawela imbah manis | anglonging kang jaja | ngênguwung netranya jait | lindri-lindir kadya mirah ||

15. kang tumingal sadaya marma ing ati | dening eman-eman | wong ayu dipun sakiti | binêthekan tanpa dosa ||

16. tangisira sang ayu alantik-lantik | tan asru swaranya | kapyarsa kadya sundari | tinêmpuh dening pawana ||

17. kaniaya têmên kakang sri bupati | sun sidhêp wak ingwang | tulusa milu amukti | mundur têka amilara ||

18. paran baya dosane wong tuwa mami | anêmahi papa | sikara wong bêcik-bêcik | dumèh-dumèh lamun nata ||

19. lah adèna kakangmas kang madêg baris | bisa awèh mala | ing sudarma yayah bibi | tingalana kadangira ||

20. rama ibu siniyasat ing nêrpati | marga saking dika | kumawawa madêg aji | kang kari nêmahi papa ||

21. apa nora nupêna kakangmas iki | yèn kadange padha | binêthekan yayah [ya...]

--- [f. 150r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 11 dari 105

[...yah] bibi | padha kinarya tontonan ||

22. jêng pangeran sêmana kalaning wêngi | nanêdha ing Suksma | anjum tingal mêpês kapti | kêjêping fanaul fana ||

23. sabên dalu dènnya manêkung ing Widdhi | manêgês ing karsa | maladi samadi êning | tan ana lyana kacipta ||

24. amung Ikang Murbèng Alam pinintan sih | kang darbèni sifat | jalal jamal amibuhi[8] | ing kamal kalawan kahar ||

25. sifat papat kalimput angganing dasih | jumbuh tan akocap | gusti dasih sinung êning | ilham sajroning panêdha ||

26. dadya eca pangran sadalêming galih | nir saksêrikira | yèn dina Sênèn Rêspati | ejing pangeran kujamas ||

27. siram anèng jro pabêthekaning galih- | ira jêng pangeran | asrah sakarsaning Widi | nahan gantia kawarna ||

28. naranata wus anglampahakên baris | nglurug mring Mataram | Banyakwidhe ikang ngirid | ya tumênggung ing Toyamas ||

29. wus urunan ingkang nayaka pasisir | myang măncanagara | sadaya urunan mantri | untabing gêgaman amyang ||

30. kunêng ikang kawarna kang madêg aji | Dyan Suryakusuma | sampun amiyarsa warti | yèn kang rama pinidosa ||

31. binêthekan ing alun-alun kinardi | tontonan ing kathah | sagêrwa putra

--- [f. 150v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 12 dari 105

myang dasih | rahadèn kalangkung duka ||

32. lan malihe miyarsa dipun lurugi | Banyakwidhe ikang | tinuduh dadya pangirid | ing gaman praptèng Tambêlang ||

33. nata tiron agya bêdholakên baris | pangiriding lampah | Radèn Surăngga akanthi | lan Tumênggung Amongpraja ||

34. tri gumuruh swaraning kang mapag jurit | praptèng Parambanan | wong Mataramajêng[9] malih | anglarug maring Tangkisan ||

35. wong ing Kartasura wusamya udani | yèn pinapag ing prang | majêng mring Gundhang apanggih | yun-hyunan tan amundura ||

37. Durma

1. kandhêg samya anata gêlaring yuda | apanggih padha wani | wadya Kartasura | miwah wadyèng Mataram | majêng campuh kang Saragni | suraking wadya | rame bêdhil-binêdhil ||

2. pangawating wong Kartasura wus dhadhal | Banyakwidhe ngawaki | kulawarganira | wong satus winatara | dadya pangajênging jurit | sarêng umangsah | ing buri akèh prapti ||

3. binêrondong sanjata wadya Mataram | datan ana gumingsir | Rahadèn Surăngga | Tumênggung Amongpraja | anêngah samya ngawaki | ing prang wong Karta- | sura saya kèh prapti ||

4. pira kadarira wong Mataram dhadhal | tan kawawa nadhahi | kêkathahên mêngsah | sumyur wadyèng Mataram [Ma...]

--- [f. 151r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 13 dari 105

[...taram] | samyarsa ngungsi ing gusti | prapta ing Wawar | kawarnaa sang pêkik ||

5. ingkang madêl[10] narendra sampun amyarsa | yèn kang wadya kalindhih | ing prang gya parentah | angambili turangga | pun Samirana cumawis | rahadèn agya | ngrasuk busanèng jurit ||

6. wusamapta sigra anitih turangga | ingayap dening dasih | budhal lampahira | anglarug wadya ikang | lumalya sampun anunggil | obra asinang | kang ajrih wani malih ||

7. ikang ngêlud wong Kêrtasura wus panggya | lajêng campuh ing jurit | wadya ing Mataram | karoban ing ayuda | Radèn Suryakusuma glis | mangsah ing rana | ginarêbêg ing dasih ||

8. ngamuk nêngah wadya Kartasura wikan | yèn sang umadêg aji | dadya wadyèng Karta- | sura angrês ing nala | prangira wong Kartawani | amrih wadya kang | ngadoh kalawan gusti ||

9. kadya ulung-ulung indhang rakitira | mubêng wadyèng Matawis | ngungsi gustinira | yèn rahadèn umangsah | wong Kartasura angisis | ngèri anganan | têpung nyabêt kang wuri ||

10. mèh kaplajar wong Kartasura nulya na | bêbantu ikang prapti | saking Kartasura | Pangeran Pringgalaya | wadana jaba kêkalih | Ki Mangkuyuda | lawan Natayuda ri ||

11. kawan dina dènnya [dè...]

--- [f. 151v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 14 dari 105

[...nnya] lumampah ing marga | sapraptaning Matawis | lajêng napung ing prang | dadya rame gêntoran | swaraning surak lan bêdhil | wadyèng Mataram | kaurugan pêpati ||

12. kadya guntur suraking wong Kartasura | wibuh madyaning jurit | kukusing sundawa | pêtêng lir ampak-ampak | mawut wadya ing Matawis | sisaning gêsang | lumayu tilar gusti ||

13. Radèn Suryakusuma panggah ing yuda | kudanira barindhil | payunge wus rêbah | watara kalih dasa | wadyanira ikang maksih | datan apisah | lan êmbane kêkalih ||

14. tandangira Rahadèn Suryakusuma | kadya Sang Partasiwi | rinêbut ing yuda | dening bala Korawa | rênyuh ing rana turnya ris | Radèn Surangga | dhuh suwawi gumingsir ||

15. Ki Tumênggung Amongpraja tur karuna | radèn dawêgumingsir[11] | rumiyin amapan | wadya têlas ing rana | sarya gendholi kêndhali | amêngkul pada | êmban kalih anangis ||

16. Radèn Suryakusuma ngrês amiyarsa | nulya ngingêr turanggi | mundur saking rana | sakarine kang pêjah | wadyanira samya ngiring | wong Kartasura | padha amêmanuki ||

17. ngilèn nabrang Paraga anjog ing Bara | gêgaman ikangusir[12] | wadya Kartasura | kandhêg wetan Paraga | sêmana

--- [f. 152r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 15 dari 105

apacak baris | kang lumêksana | amung kang para mantri ||

18. ikang nitik pakuwonira rahadyan | nahan ingkang kawarni | praja Kartasura | sang nata pagunêman | lan punggawa jro tinari | kapat kalima | Sumabrata Apatih ||

19. Surantani Wiraguna Wirarêja | lan Mangunnêgarèki | kalima apatya | Tumênggung Sumabrata | angandika sri bupati | hèh Sumabrata | paran karêpirèki ||

20. ikang dadi kalilipe netraningwang | durung lêga kang ati | lamun durung sirna | umatur Sumabrata | sintên ingkang purun gusti | amêjahana | ing rama paduka ji ||

21. walatipun sintên kang kawawa năngga | dados rêngkaning bumi | angling Wirarêja | kalawan Wiraguna | upama arak saguci | yèn dèn umbea | wong siji angêndêmi ||

22. yèn dèn inum ing wong akèh pasthi tawa | angandika sang aji | iku bênêr bapa | sira krubuta kathah | Kya Sumabrata Apatih | matur anêmbah | langkung karsa nêrpati ||

23. lagya eca sang nata timbal wacana | ya ta na duta prapti | saking pabarisan | gya katur ing narendra | yèn wis bêdhah ing Matawis | Radèn Sudira | ngilènabrang[13] Pêragi ||

24. langkung tustha

--- [f. 152v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 16 dari 105

sang nata suka ngandika | hèh bapa ingsun tari | apa karêpira | kang anèng pabarisan | Sumabrata matur bêkti | lêhêng banjura | sampun ta age mulih ||

25. yèn tan kêna saparane dèn burua | katujon sri bupati | duta glis tinulak | binêtan srating nata | duta mêsat kyai patih | matur ing nata | lêhêng apura gusti ||

26. paman tuwan parandene ri paduka | sampun kasor ing jurit | sang nata ngandika | lah iya luwarana | pundhutên tokhide patih | salahing anak | apa nyata asêpi ||

27. nêmbah mêdal Ki Tumênggung Sumabrata | nayaka catur ngiring | praptèng pagêlaran | pangeran linuwaran | sagêrwa putra myang abdi | pangran ngupatan | yèn akèna ing siwi ||

28. dènnya darbe manah salah ing narendra | lawan kinèn angalih | parak pangurakan | ya ta sagung dipatya | samya bubarakên baris | datan kawarna | lamine sang ginêndhis ||

38. Dhandhanggula

1. nahan ikang gantia winarni | nagri Batawi kalane prapta | naradipati surate | saking Kumêndur Sêlut | Hindrikansah ikang aloji | nagari ing Japara | angaturi wêruh | yèn Sang Nata Kartasura | mantuk dhatêng

--- [f. 153r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 17 dari 105

Rahmatolah kang gumanti | putra jumênêng nata ||

2. tan amawi pracayèng Kumpêni | nêdya apasah ing saudaran | tinggal jangjine ramane | para Rat Fêni kumpul | nèngarsane[14] jendral namèki | Hurfèk Husdiman samya | bicara wus putus | anèng dalêm kantor bêsar | tuhu cidra putrane Raja Matawis | kangadêg[15] Kartasura ||

3. Kumpêni amrih dursilèng batin | rêmbug ikang Rat Fêni sadaya | anglampahêna tênunge | pan wus ngupaya antuk | tênung rêgi limalas kêthi | titir ing nagri sabrang | tênung makan ratu | sêmana wus lumaksana | warni jalma jim kafir agêng ainggil | asawang arga suta ||

4. rambut gimbal apanjang ngajrihi | lampahira awor lan pawana | prapta ing Kartasura ge | anjujug ing kadhatun | madya latri wayahirèki | sirêp wong sajro pura | sadaya aturu | kadya kênèng ing wisaya | amarêngi sang nata ing dalu mijil | têdhak mring palataran ||

5. tênung mulat marang sri bupati | glis tumurun saking jumantara | anjênggêlêk ing ngarsane | mangkarag sang aprabu | pan gumêtêr ebat ningali | gugup dènira napa | wong apa sirèku | sarêng emut jroning nala | dipun nyana juru taman lagi prapti | mari mangkaragira ||

6. angakua apa sira [si...]

--- [f. 153v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 18 dari 105

[...ra] iki | juru taman aseba maringwang | dening agêdhe awake | ponang tênung sumaur | dudu juru taman sun iki | iya tênung Wêlănda | sapa madêg ratu | ing Jawa apa ta sira | susuhunan gumêtêr dènnya nauri | gugup adhêrodhogan ||

7. dudu aku kang jumênêng aji | tanah Jawa prênah paman ingwang | lor bênêr kene prênahe | ikang jumênêng ratu | Kapugêran kang dèn purani | iku raja ing Jawa | ri saksana tênung | lunga ngalor anyeluman | naranata kalangkung lêga ing galih | kondur mring Prabayasa ||

8. punang tênung tan asuwe prapti | Kapugêran jujug palataran | prênahe parêk panêpèn | pangran nuju têturuh | kagèt mulat graitèng ati | pangeran wus anarka | yèn dede jalmèku | pangeran datan asamar | angranggoni lamun manusa khakiki | tênung gya pinanggihan ||

9. sira apa setan apa êjin | dening gêdhemu kaliwat-liwat | punang tênung glisaure[16] | pan ingsun iki tênung | êndi ikang madêg nêrpati | pangeran angandika | takon ratuningsun | iya apa sêdyanira | nèng kadhaton ênggone narendra mami | punang tênung lingira ||

10. ingsun mau têka ing jro puri | ana ikang manggihi maringwang | anom abagus rupane |

--- [f. 154r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 19 dari 105

kuning tuture mring sun | kene ikang jumênêng aji | pan ta kaprênah paman | lan kang tutur iku | pangeran mèsêm ing driya | insa Allah ingsun kang jumênêng aji | pêpakuning rat Jawa ||

11. lah ta apa sêdyanira iblis | anggolèki mring kang dadi raja | tênung asugal saure | ingsun ana kangutus[17] | tandhing sêkti lan Raja Jawi | yèn ratune wus kalah | palastra dening sun | sun tumpês sakèh wong Jawa | rewang ingsun ikang padha anêluhi | sarupane wong Jawa ||

12. jêng pangeran angandika aris | alah iya sira têkakêna | lêlêmbut asudi gawe | apa kadigdayanmu | payo sira tamakêna glis | apa karêpmu lanat | anggêgêr sang tênung | pinandêng dening pangeran | angalumpruk lir kêkandhi tanpa isi | kari sarare bajang ||

13. gumêtêr matanira mundêlik | melat-melot tan bisa angucap | pangran alon andikane | lah wis kalah sirèku | lah lungaa sira dèn aglis | têka ing tanah Jawa | aja gawe rêtu | yèn nora sira ge lunga | lanatolah apa sira mêngko nganti | sun dulang tai lingsang ||

14. angalora anuruta wukir | Kêndhêng iku sira marganana | muliha mring sabrang manèh | ja sira ganggu-ganggu | nèng dêdalan maring wong cili | kabèh pan duwèk ingwang [ing...]

--- [f. 154v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 20 dari 105

[...wang] | ing tanah Jawèku | punang tênung agya mêsat | gunung Kêndhêng wau ikang dèn margani | akèh kang padha rumab ||

15. pangeran minggah panêpèn malih | tan kawarna ing dalu wusiyang | sang nata winuwus manèh | akèn nimbali gupuh | Sumabrata prapta umanjing | pura marêk ing ngarsa- | ning nata cumundhuk | manguswa pada mangrêpa | aris angandika sang sri narapati | hèh bapa Samabrata ||

16. lah ta sira dutaa dèn aglis | maring Kapugêran mariksaa | alakua sandi bae | paman apa tan angluh | karuhêna Sumabrata glis | manêmbah agya mêdal | pagêlaran rawuh | gya duta mring Kapugêran | mêsat ingkang dinuta aglis tur warti | ing patya manjing pura ||

17. katur ikang paman tan asakit | tan owah kadya ing sabênira | sang nata mèsêm driyane | ya ta ikang winuwus | Ki Tumênggung Dêmak ngêmasi | tinggal anak têtiga | ikang sami jalu | Mas Malat rane kang tuwa | Ki Mas Amad panênggake kang wuragil | awasta Bagus Katam ||

18. katiga pisan samya kinardi | Bupati Dêmak karsa narendra | ginêntèkakên ramane | ing Dêmak pinartêlu | ingkang tuwa sinungan kasih | Tumênggung Suranata | dening arinipun | sinung ran Padmanêgara | kang wuruju[18] Martanagara namèki | lan ana tilarira [tilari...]

--- [f. 155r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 21 dari 105

[...ra] ||

19. Radèn Sindurja ran Bagus Gêrit | nênggih arinira Radèn Sukra | wus jinungjung lêlinggihe | sinung aran Tumênggung | Sindurêja wau putra ji | Pangeran Buminata | seda arinipun | kêkalih sampun diwasa | radèn êmas panênggak Radèn Mas Alit | samya sinungan aran ||

20. radèn êmas panênggak kêkasih | Pangeran Arya Mangkunêgara | Pangran Mangkuningrat rine | samya sinung lêlungguh | nigang èwu sakèh putraning | santana sinung aran | dening sang aprabu | Rahadèn Ănggadimêja | sinung aran Pangran Balitar kang rayi | awasta Martasana ||

21. pan wis satus dina laminèki | sedanipun sinuhun kang swarga | ing jro purarsa mêmule | satuse kang sumurud | ya ta ikang para rabining | bupati akêrigan | malêbèng kadhatun | rame samya nambut karya | pra swamining pasisir măncanêgari | anginêp ing jro pura ||

22. ana gêrwanira Adipati | Cakraningrat indah warnanira | nanging gêrwanira anèm | sang dyah kêkasihipun | radèn ayu ing Pakuwati | kaduk raga kêrana | prakati asêmu | kauningan ing sang nata | ingapusan mring junguting sri bupati | sira Dyan Ayu Sampang ||

23. praptèng jungut sang nata ling aris | bibi dèn kaparèng ngarsaningwang | sun atakon satêmêne [sa...]

--- [f. 155v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 22 dari 105

[...têmêne] | dika punapa uwus | patutan lan paman dipati | dyan ayu matur nêmbah | dèrèng asêsunu | sang nata mèsêm ngandika | kalingane si bibi saksat kênya di | pantês dhukun utama ||

24. ingsun bibi sampun tigang latri | sakit angêlu pan dèrèng saras | sun ngalang sadhela bae | dika gêcêl dyan ayu | anggraita ing tyas gumingsir | anarka yèn rêncana | gumêtêr sang ayu | mingsêr nêmbah arsa mêdal | naranata tumêdhak agya mêgati | nandhak asta ngrarêpa ||

25. adhuh gusti aja sira mijil | dadi punapa ikang tinilar | pasthi asalah kapatèn | balikan jiwaningsun | aparinga tatămba brangti | gantèn arum larangan | têtambaning wuyung | sang ayu arsa ingêmban | arsa lunga sang nata sru angukuhi | sang ayu palintiran ||

26. sarya amêjang astanira ji | lingya dhuh kawula uculêna | măngsa kiranga pawèstrèn | kang luwih saking ayu | lan kawula wong Sampang yêkti | punapa pinenginan | lan ala dinulu | angagêm somahing bala | naranata saya sru karsa ningsêti | dènnya angrangkul jăngga ||

27. iya pira kuwating pawèstri | sinêmbadan sarosaning priya | yêkti agêlisayahe[19] | sang dyah ayu umatur | kawularsa sêne rumiyin | sang nata angandika [anga...]

--- [f. 156r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 23 dari 105

[...ndika] | adhuh jiwaningsun | asênea ing êmbanan | sang juwita ginulingakên tumuli | sang ayu gêronjalan ||

28. sinjang kasingsal wêntisnya kengis | kuning gumêbyar mindha parada | lir mayang mêkar gandane | sang nata saya sêngkud | rêmpu ing tyas nungkêmi wêntis | sang juwita lingira | dhuh kawula nuhun | kadar iki ratu apa | kaya kumpra marusa wong nora apti | sang nata angandika ||

29. iya saking wulangunku bibi | lamun paman Adipati Sampang | jaluka ojol-ojole | kabèh wong sakadhatun | sun wèhakên liron lan siji | pasthi suduk sarira | wurunga salulut | lawan andika kusuma | radèn ayu mèsêm ing tyas gêruwêki | lah iki basakêna ||

30. tan winarna solahing arêsmi | luwarira wus ambal ping tiga | lingsir kilèn duk wiwite | malah arka sumurup | Radèn Ayu Sampang wus mijil | saking jungut gupitan | lajêng wêdalipun | mulih praptèng Kasampangan | Pangran Sampang lagya ngucêl-ucêl paksi | kagyat gêrwane prapta ||

31. puyuh kinurungakên tumuli | ikang gêrwa duk arsa ingaras | nulya inginggatan age | pangran awas ing ambu | yèn rabine kacidrèng rêsmi | asru dènnya ngandika | pêgene sirèku |

--- [f. 156v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 24 dari 105

têka nglakoni culika | radèn ayu asru dènira anangis | ature pêgat-pêgat ||

32. matur lamun winasesèng aji | inggih pira kuwating wanodya | pangran umadêg krodhane | dènnya ngandika asru | wus dilalah rêngkaning bumi | jagat kudu ru-ara | panjênêngan ratu | mundur kaya ewan-ewan | durung pira wêwulange ikang swargi | ilang tan karawatan ||

33. Dulangmangap sigra dèn timbali | kalih èwu prajuriting Sampang | kajaba para mantrine | padha prakosa purun | lêlurahe kang têka dhingin | karsanira pangeran | sawadya angamuk | angrurah sajroning pura | dangu-dangu emut kalamun angabdi | lilih ing krodhanira ||

34. Jangrana Tumênggung Surawèsthi | ingaturan maring Kasampangan | prapta mangsuk ing pantine | nêgara Surèngkewuh | duk sêmana arsa pinalih | nging dèrèng kalampahan | karsane sang prabu | angling dipati ing Sampang | hèh ta kakang Surabaya ing lir iki | sun arsa malih tingal ||

35. dening corah bawaning nêrpati | mayo kakang maring Kapugêran | aseba maring dalême | iku ta ikang patut | dadi nata mêngkuwèng Jawi | tan ana kang cinacad | bêbudène alus | jêtmika [jêtmi...]

--- [f. 157r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 25 dari 105

[...ka] asih ing wadya | gya umangkat dipati kalih ing latri | prapta ing Kapugêran ||

36. ingacaran sang dipati kalih | munggèng panêpèn pangran ngandika | adhi êmas kadingarèn | pinarêk dalu-dalu | baya ana karyane gati | dipati kalih nêmbah | matur awor muhun | kawula ngaturi rêmbag | yèn kenginga paduka rêbat nêgari | gusti madêga nata ||

37. kang dadosa pêpukuling jurit | gih kawula kalawan pun kakang | Dipati Surabayane | ngruraha satru mungsuh | nadyan ajur kadyaa warih | lumampah ing karyanta | wus kasêdyèng kalbu | lamun wontêna pangaja | pan samangke purun ngobrak-abrik puri | lan pun kakang Jangrana ||

38. jêng pangeran gumujêng sarya ngling | adhi êmas ikang ora-ora | ikang sira ucapake | duraka kang tinêmu | ing wong wani-wani ing gusti | ratu uga minangka | wrananing Hyang Agung | ingsun pan ora anêdya | angêndhiha kaprabone sri bupati | nêdya momong kewala ||

39. matur anêmbah sang adipati | inggih lamun sang nata nulusna | ikang swarga sawêlinge | dhatêng putra pukulun | tan winênang nyakitna galih | paduka myang kawula | ing mangke kalangkung | gènipun asiya-siya | mring paduka

--- [f. 157v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 26 dari 105

tuwin ing kawula gusti | sangêt cinalunthangan ||

40. dening pun kakang Jangrana gusti | nagri Surabayarsa sinigar | milanggèr sampun sêdhênge | paduka malês ukum | pan sang nata wiwit ngalani | yêkti winalês ala | sampun ukumipun | utang wirang naur wirang | jêng paduka gusti datan amiwiti | ngulihakên kewala ||

41. pangeran langkung putêk ing galih | ginubêl ing Adipati Sampang | kalawan Surabayane | kudu ngadêgkên ratu | dadya giwang ing tyasira ngling | yayi mas ing Madura | kondura karuhun | tanapi sira Jangrana | sun pikire iya ing sawêngi mangkin | sigra Dipati Sampang ||

42. lan Jangrana manêmbah umijil | lajêng mulih maring pamondhokan | pangeran sare panêpèn | ganti ikang winuwus | nênggih pan nêgarèng Sêmawis | Răngga Yudanagara | susah ing tyasipun | dening adosa ing nata | lan maninge ana têtiyang Sêmawis | aran Ki Pusparaga ||

43. sumawita dhatêng sri bupati | kinasihan jinungjung lalênggah | sarta lawan jêjuluke | Jayaningratumênggung[20] | aprasêtya lawan nêrpati | yèn nagari Sêmarang | ikang dipun suhun | kapyarsa saking Sêmarang | dadya Răngga Yudanagara [Yuda...]

--- [f. 158r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 27 dari 105

[...nagara] prihatin | gunêm lan para kadang ||

44. wusnya dadi dènnya gunêm kawis | gya Ki Răngga nglampahakên duta | marang ing Kartasura ge | binêtan suratipun | mantri ing Sêmarang kêkalih | aran Ki Tanpanaha | wau kang dèn utus | samya andêl-andêlira | lawan Sawunggaling tan kawarnèng margi | prapta ing Kartasura ||

45. ing Kapugêran ikang dèn apti | Tanpanaha jujug Sêtrajaya | aglis dipun larapake | duta kalih tumanduk | ingandikan maringarsa[21] glis | manêmbah atur surat | sinuksmèng ing kalbu | bêbukanya atur sêmbah | gih pun Răngga Yudanêgara Sêmawis | katurèng jêng pangeran ||

46. kang pinujwa-pujwa ing wadya sih | sadu dibya ambêk santa bodya | paramarta ing dasihe | kalangkung kamipurun | angaturi prakarèng gusti | yèn karsa jêng paduka | gumingsira gupuh | saking praja Kartasura | tumêdhaka dhatêng nêgari Sêmawis | gusti madêga nata ||

47. dening abdi dalêm pun Kumpêni | angajêng-ajêng dhatêng paduka | pun Kênol sakit manahe | tuwi[22] Kumêndur Sêlut | Hindrikansah susah ing ati | trus nagri Batawiyah | pun kaki gurnadur | kalangkung susah sadaya | Jendral Horfèk Husdiman êsak ing ati | dening tan pinarcayan [pinarca...]

--- [f. 158v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 28 dari 105

[...yan] ||

48. wusnya titi dènnya maos tulis | duta kalih dinangu wastanya | samya matur lan sêmbahe | pun Tanpanaha ulun | kang satunggil pun Sawunggaling | kalih samya ginanjar | reyale mêmitu | lan jarit mori nyakêbar | lan pangeran kirim lorodan kulambi | mring Ki Răngga Sêmarang ||

49. duta sampun ingangsulan tulis | nêmbah atur pamit ing pangeran | sêmana emut driyane | duta ingandhêgupuh[23] | kèn anganti dipati kalih | ing Sampang Surabaya | ingandikan rawuh | dalu maring Kapugêran | Adipati Sampang Surabaya panggih | kalawan jêng pangeran ||

50. tinuduhkên ing sang adipati | kalih surat kang saking Sêmarang | tinupiksa wirasane | tunggaling karsanipun | kêdah ngangkat karya nêrpati | suka Sang Adipatya | Sampang Surèngkewuh | angrasa kanthine ana | duta kalih ngandikan ing sang dipati | ing Sampang Surabaya ||

51. prapta kalihira dèn takoni | sapa ranira lungguhmu apa | kang tinanyan tur sêmbahe | ămba kabayanipun | ri paduka Răngga Sêmawis | wasta pun Tanpanaha | kang satunggilipun | pun Sawunggaling kinarya | pati angingêrakên abdi Sêmawis | nangling Pangeran Sampang ||

52. aturêna iki surat [su...]

--- [f. 159r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 29 dari 105

[...rat] mami | ing sutèngsun Ki Răngga Sêmarang | duta pinangadêg age | lan reyale nyapuluh | myang dipati ing Surawèsthi | amisalin ing duta | lan reyal nyapuluh | duta manêmbah umêsat | Tanpanaha kalawan Ki Sawunggaling | ing ênu tan kawarna ||

53. ya ta kawarna kang gunêm kawis | atur sêmbah kalih sang dipatya | yèn makatêna ing anggèr | ing pundi karsanipun | kang kinarya wiwiting jurit | pangeran angandika | yayi karsaningsun | palungguh nagri ing Dêmak | wong Kumpêni tulung bêcik ora bêcik | sok ingsun parcayaa ||

54. matur Adipati Surawèsthi | inggih lêrês karsa jêng paduka | jagat ingingêran malèh | Pangeran Sampang matur | yèn kalilan ămba rumiyin | mantuk dhumatêng Sampang | asayagèng wadu | andika kakang Jangrana | ngantunana aja kongsi ngatarani | wus dadi kang pirêmbag ||

55. para lêlurah Kapugran sami | kang linilan miyarsa parêmbag | samya nèng sore gustine | samya suka ing kalbu | sigra mundur dipati kalih | saking ing Kapugêran | praptèng dalêmipun | enjing Adipati Sampang | arsa angaturan nèng pamit ing patih | Tumênggung Sumabrata ||

56. wusamapta saksana lumaris | sang dipati maring Kapatihan [Kapa...]

--- [f. 159v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 30 dari 105

[...tihan] | ingiring dening wadyane | lampahira gya rawuh | Kapatihan wadya tur uning | kagyat rêkyana patya | tumêdhak amêthuk | tundhuk anèng paregolan | astanira pangeran agya kinanthi | ngacaran ing mandhapa ||

57. wusira sami tata alinggih | Pangeran Sampang aris lingira | ingsun iki adhi patèh | pamitna mring sang prabu | ingsun arsa tilik nagari | lama datan uninga | wus dungkap rong taun | sun arsa ngujung astana | saurnya ris Ki Sumabrata Apatih | inggih suwawi seba ||

58. parêng bubar lan rêkyana patih | samya seba malêbèng ing pura | anjuju[24] sringmangantine[25] | sigra awêling atur | ing sang nata ngandikan aglis | Tumênggung Sumabrata | saksana malêbu | ing pura lawan Pangeran | Sampang prapta ngarsa kalih angabêkti | ing srinata taruna ||

39. Sinom

1. sang nata ris angandika | paman dèn kaparèngarsi[26] | dahatan[27] katarèng netya | kalamun angêmu wadi | majêng saha wotsari | kalangkung dening asamun | matur sang adipatya | linilana ikang abdi | atêtuwi mring nagri dalêm Madura ||

2. ămba datan lama-lama | kalih wulan nuntên prapti | watir lamun alamia | atilar dhumatêng [dhu...]

--- [f. 160r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 31 dari 105

[...matêng] gusti | dèrèng tega ing galih | rèh anyar jumênêng ratu | manawi taksih kathah | pakewêdirèng nagari | kawulanggèr rumaos ing katêmpahan ||

3. lêga tyasira narendra | tan wruh yèn lamis ing lair | aris dènira ngandika | paman aja lami-lami | wingking akèh drigami | dening ta dèrèng anungkul | anakmu Si Sudira | kang maksih dadi kawatir | ya marmane paman aja lama-lama ||

4. manira darma kewala | paman jumênêng narpati | sakèh sêsukêring praja | abot repote ing kardi | wawêlinge kang swargi | paman dipati katêmpuh | dipatya mèsêm ing tyas | yèn anglinga jroning ati | lamis têmên wicarane si dursila ||

5. graitanira narendra | nyanane nora udani | mokhal si bibi tutura | ya si bibi Pakuwati | bisa awèh wiyadi | dening wus kacidrèng lulut | malah kongsi ping tiga | yèn tan lilaa sayêkti | mring ragane sapisan măngsa tutuga ||

6. sang nata supe sakala | lathine pating kajuwit | mèsêm sarwi angandika | sintên paman kang nênggani | dalêm dika ing ngriki | pun bibi punapa tumut | samya mulih mring Sampang | tuwin bibi Pakuwati |

--- [f. 160v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 32 dari 105

punapa ta tumut dhumatêng Madura ||

7. matur Pangeran Madura | sadaya samya tut wingking | tan wontên purun tinilar | witning arepot ing margi | dening ikang nênggani | ing pondhok mantri pêpitu | sang nata angandika | pênêde paman dipati | gih pun bibi kabèh padha katilara ||

8. gawaa gundhikewala[28] | mrih arikata ing margi | enggala prapta ing praja | dening kang tunggu ingriki[29] | rumaksa ing si bibi | sakèhing para tumênggung | wadana Kartasura | gilira urunan mantri | atur sêmbah ki adipati ing Sampang ||

9. kadya tan kêni ingampah | para bibi paduka ji | asangêt onêng ing praja | lamarsa wikan ing nagri | ya ta sri narapati | mênêng tyasira garuwung | angandika ing nala | adhuh bibi Pakuwati | yêkti ngarang lawasa sira tan prapta ||

10. sang nata amundhut arta | pitung atus agya prapti | dawêg paman adipatya | patumbas toya ing margi | sangêt dènnya mèt ati- | nira dipati sang prabu | Pangeran Sampang nêmbah | mêdalajêng[30] bubar mulih | mring pondhoke wadya wus samya sawega ||

11. budhal Pangeran Madura | umung gumêrah kang dasih | Kali Samanggi wus prapta | pêpikul mêdal ing warih | kawot [kawo...]

--- [f. 161r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 33 dari 105

[...t] ing palwa mantri | kêkalih têtindhihipun | nahan kawarna sira | sang nata kari wiyadi | mung Dyan Ayu Pakuwati kang sinambat ||

12. sun têdha nulia têka | ya si bibi Pakuwati | mugi wêlasa maringwang | tinilar anahên kingkin | tanna kang ngusadani | gusti marang laraningsun | sanadyan wong sapura | liya bibi Pakuwati | măngsa silih maria gèn ingsun brangta ||

13. nahan ganti kawarnaa | dutane Răngga Sêmawis | sira Dêmang Tanpanaha | lawan Dêmang Sawunggaling | ing Sêmarang wus prapti | atur surat angsul-angsul | gêpah sira Mas Răngga | Yudanagara nupèksi | sadhawuhing kintaki sampun kadhadha ||

14. kapindho surate pangran | ing Sampang lawan dipati | yèn wis dadi prakaranya | suka Ki Răngga Samawis | dening wus olih kanthi | dènnyarsa ngadêgkên ratu | Sampang lan Surabaya | prajurit prakosa sugih | pan wus ilang balunge wong Kartasura ||

15. sinung lorodan rasukan | Ki Răngga pinundhi-pundhi | kawarna Pangeran Sampang | ing prajanira wus prapti | anggêgabah prajurit | pra mantri myang santana nung | miwah wong Dulangmangap |

--- [f. 161v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 34 dari 105

dinadar ing siyang latri | kalih èwu prajurit Dinulangmangap ||

16. dhomas wadya Pêpilihan | kalih atus para mantri | padha prakosambêk sura | kèh simbar jaja ngajrihi | kang babrêngos pinidih | godhèg wok mata têtuhu | ana brêngos acêngkang | ulat ringas angajrihi | yèn sinawang lir gundhala kapanasan ||

17. sambada golonganira | aran wong Suratangingsir | kalih atus kathahira | sadaya kulambi abrit | tinut ing renda putih | satêbah sakancanipun | prawira sikêp benang | ponthang puput sulam kuning | lêlurahe awasta Lindhusagara ||

18. wong Suratankondur rannya | kalih atus kang sinêlir | kulambi cêmêng rêrendan | satêbah arenda putih | asikêp watang langking | rongatus pinonthang puput | lêlurahe mangaran | Lindhuprahara prajurit | ana maning rongatus wong Trunalanang ||

19. samya kulambi sikêpan | sadaya sinorah sari | saruwal sangkêlat abang | sadaya rinenda kuning | sikêp watang sinungging | asisih wong Trunalawung | traswe kulambinira | rêrendan wanèh balênggi | watang biru rongatus pinonthang mamas ||

20. lêlurahira santana |

--- [f. 162r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 35 dari 105

aran Radèn Surèngpati | wong Trunalawung lurahnya | aran Radèn Surèngwèsthi | Trunarancak asisih | kalawan wong Trunarampung | rongatus agolongan | rolikur pangkat Pinilih | sapangkate rongatus alurah-lurah ||

21. binusanan obra sinang | prajuritira tiyapti[31] | kajawi kang para putra | pêpitu kang mawat kardi | putra lêlima sami | prajurite nigang atus | putra kalih kang tuwa | lan panênggakira nênggih | prajurite samya nglimang atus sewang ||

22. obra samya binusanan | sangkêlat abang lan kuning | ijo biru lan mêmegan | baludru myang sorah sari | leja kastop trasuwi | akathah kang sondhèr pêlung | dragêm lan podhang-podhang | cacêlêpan myang kumitir | para putra sondhèr rangrangan toyamas ||

23. wus tatane wong Madura | ing kuna lamun ajurit | tan lali asêsondheran | tatêngêring para mantri | sadaya udhêng gilig | pangeran salaminipun | sayaga ing ayuda | pan ora kadya ing mangkin | winutahkên barana dalêm sinêbar ||

24. sadina-dina angajar | solah jayaning ajurit | ing alun-alun gumêrah | wadya bênthak ulah

--- [f. 162v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 36 dari 105

lêmbing | wanèh pêdhang lan tamsir | towok pasêr ulah tulup | sèwu Saragêninya | ingajar brondongan sami | pan kajawi Saragnine para putra ||

25. nêngêna kang ajar-ajar | angunggar suraning dasih | kawarnaa Jêng Pangeran | Pugêr ikang mong prakawis | tan angsal dhahar guling | yèn dalu anggung anêkung | nanêdha ing Pangeran | maladi samadi êning | nêgês karsa dènnyarsa umadêg nata ||

26. wus angsal sasmitaning Hyang | kalilan umadêg aji | amêngku ratanah[32] Jawa | nahan gantia winarni | Dyan Suryakusumèki | pan sampun kêna ingapus | kacêpêng ing Losêkar | sawetaning Budhur nguni | Arya Banyakwidhe ikang amisaya ||

27. binakta mring Kartasura | rahadèn dèn bêrojongi[33] | wongira padha binănda | misuwur saking nêgari | Pangeran Pugêr myarsi | lamun kang putra kapikut | binêkta manjing praja | Banyakwidhe kang angirid | gya pangeran angundhangi wadyabala ||

28. sakèhing para lêlurah | adandan pating bathithit | kapêdhak lan panakawan | sadaya sami arakit | gamêl padharan rakit | ya ta kawarna ing dalu | pukul kalih wayahnya |

--- [f. 163r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 37 dari 105

usrêk wadya ting kalêsik | para putra gugup lagya ingandikan ||

29. andhèr ngarsane kang rama | sêlire tan ana kari | ana anyêkêli kuda | gamêle dèn pêpikuli | ana ngêmban bêbayi | sarwi anggendholi sabuk | wanèh anuntun gêrwa | kasusu lolos ing wêngi | jêng Pangeran Pugêr anulya tumêdhak ||

30. margèng lawang bêbutulan | ngalèr ngilèn lampahnya ris | kagyat ikang kamarganan | grubuge anyalawadi | kiwa têngên wus uning | pangeran lolos ing dalu | sigra tur uning Patya | Sumabrata manjing puri | wong jro pura kagyat mulat ing ki patya ||

31. anarka yèn ana karya | agya winênganan kori | Sumabrata manjing pura | wadana jêro kang kêmit | pinaran wus apanggih | lan Sumabrata arêmbug | arsa mungu sang nata | glis winungu sri bupati | gya tumêdhak mundur sakathahing wadya ||

40. Durma

1. gya Tumênggung Sumabrata matur nêmbah | gusti ămba tur uning | rama jêng paduka | Pangeran Pugêr salah | pan sampun lolos ing wêngi | saking dalêmnya | sagêrwa putra abdi ||

2. ngalèr ngilèn aturing wadya kang wikan [wi...]

--- [f. 163v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 38 dari 105

[...kan] | tan wontên kang nututi | sang nata sru duka | jaja bang winga-winga | minggah ing kamar sang aji | bêndhe Ki Bicak | agya pinundhut mijil ||

3. gya tinampan ing Tumênggung Sumabrata | tinabuh ing sitinggil | munya sru angangkang | ngumandhang ing awiyat | binarungan têtêg muni | wadya gumêrah | otêr wong sanêgari ||

4. wong jro pura gègèrira apuyêngan | salah pamyarsanèki | anarka Pangeran | Pugêr angamuk pura | kapêdhak samya abaris | ing Srimangantya | samya rumêksèng puri ||

5. mêdal maring Sitinggil baris malatar | kapang kang Magêrsari | Priyantaka ngarsa | angrakit kasambungan | Saragni dwaja angapit | bêdhil ngisenan | mariyêm ing Sitinggil ||

6. wong Nirbaya sumambung baris ing ngarsa | samya asikêp karbin | ganjur Jagasura | nulup Wisapracăndha | wong Nutra sikêp jamparing | wong Sangkragnyana | asikêpêdhang[34] tamsir ||

7. sisih Jagabaya dening Brajanala | lawan Wirabrajèki | myang wong Kartiyasa | tan lali prênahira | Jantaka Wisamartèki [Wisa...]

--- [f. 164r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 39 dari 105

[...martèki] | Mandhung Kanoman | Patrayuda lan Miji ||

8. Martalulut kalawan Singanagara | Pinilih Judhipati | myang wong Darpahita | têpung Yudamênggala | wong Patranala nambungi | Kabayan lawan | wong Gandhèk mobat-mabit ||

9. Mantri Anom ting balêbêr lunga têka | nimbali pra dipati | ngalun-alun aglar | baris măncanagara | tanapi baris pasisir | pratiwanira | andhèr ing păncaniti ||

10. kawarnaa kang lolos saking dalêmnya | duk bêndhe ing jro muni | apan kapiyarsa | lagi praptèng Capaga | gugup ingkang para rabi | myang para putra | pating kathèthèr icir ||

11. langkung repot lampahira para putra | Radèn Ăntawiryèki | tansah binondhetan | marang ing sêlirira | kudane dipun wowoti | dening dandanan | radèn kêkalung karbin ||

12. asta kiwa tansah atêkên talêmpak | miyarsa bêndhe muni | wiyang ing tyasira | arsa buwang dandanan | angrasa owêl ing galih | èmêng manawa | sêlire arsa kari ||

13. murang-muring myarsa bêndhe sru angangkang | gendhongan [gendho...]

--- [f. 164v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 40 dari 105

[...ngan] dèn tatasi | agya sêlirira | tinitihakên kuda | sarwi kinèn mangku kêris | radèn amandhya | watang lumakyèng wuri ||

14. Radèn Wăngsatruna gugupolahira[35] | sarya angêmban siwi | sêlire nèng kuda | putra umur sawarsa | Mas Bêladho wastanèki | patutanira | kang saking Laroh sêlir ||

15. Bok Mas Laroh tinitihakên ing kuda | sarwi dèn gêgendhongi | ponjènira radyan | Wăngsataruna dharat | sarwi ngêmban ikang siwi | gagat raina | prapta ing Majalêgi ||

16. pan wus siyang Rahadèn Wăngsataruna | êmban-êmban kaaksi | ginuyu ing kathah | calana kang kinarya | suka sagung kang ningali | datan anyana | pangraose jêjarit ||

17. kèndêl nata ing lampah rêrepot ngarsa | lan sakathahing èstri | Kyai Jiwasuta | juru marga nèng ngarsa | ikang rumêksa ing wuri | saananira | gêgaman kang nindhihi ||

18. Sêstrajaya kalawan kang para putra | prayêtna anjagani | wadya Kartasura | kang samya jinaganan | manawa kinèn nututi |

--- [f. 165r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 41 dari 105

dening sang nata | mila lampah rinakit ||

19. lajêng mêdal ing Kênêr ing lampahira | ing Ampèl kang dèn jogi | ya ta kawarnaa | Sang Nata Kartasura | wus abêdholakên baris | têtindhihira | Dipati Surawèsthi ||

20. wong pasisir ikang nututi sadaya | gancang lampahing baris | wus untap-untapan | lawan wong Kapugêran | nging Dipati Surawèsthi | kang ngirid lampah | samya lêga ing galih ||

21. dupi arsa kacandhak ing lampahira | Dipati Surawèsthi | ririh lampahira | sagung para pratiwa | tan ana wani nglancangi | ing barisira | Dipati Surawèsthi ||

22. pan wus adoh lampahe prapta ing Tungtang | krêtêg tinugêl aglis | milanira bamban | pangeran lampahira | mingêr sagung kang nututi | mêdal Bahrawa | anjog ing Jambu baris ||

23. Jêng Pangeran Pugêr anulya putusan | marang nagri Samawis | dutanira prapta | panggih lawan Ki Răngga | gupuh dènira ngundhangi | bala sawega | sumaos para mantri ||

24. Sawunggaling kalawan Ki Tanpanaha | ikang kinèn dhingini | mêthuk ing pangeran | ambakta jaran tundhan | lawan [lawa...]

--- [f. 165v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 42 dari 105

[...n] sikêp anjagani | rêrepotira | gêgawane parèstri ||

25. wus lumampah sira Dêmang Tanpanaha | lawan Ki Sawunggaling | saksana Ki Răngga | mring loji wus apanggya | lan Kapitan Kênol aglis | duk tinuturan | yèn pangeranèng[36] margi ||

26. binabujung dening wadya Kartasura | Kênol gugup dènnya ngling | age têtulunga | yèn karoban ing yuda | kalawan wawêling mami | poma Ki Răngga | andika dipun eling ||

27. kêna nora kênaa tuwan pangeran | poma dika aturi | têdhak mring Sêmarang | nadyan silih awrata | ing galih pangeran nanging | sira dèn bisa | amrih tinutèng gusti ||

28. aja kongsi pangeran aduwe karsa | ngadêg liyan Sêmawis | jêr iku nyang punya | anaking Raja Jawa | nyang punya samoa nagri | yèn mandhiria | lyan sapa kang mangêni ||

29. yèn sira tan angluputakên pangeran | iya têkaning ngriki | katrima turira | pangeran nut ing sira | tuhu lamun sira baik | salawasira | kaparcayèng Kumpêni ||

30. maring jendral sira saksat wèh dandanan | têtêpe anèng Jawi | lan sira [si...]

--- [f. 166r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 43 dari 105

[...ra] wèh lêga | bunêke tyas Wêlănda | rèhning tan dèn pracayani | adêge raja | Pangeran Adipati ||

31. mèsêm agya Mas Răngga mangkat sawadya | mijil saking jro loji | ya ta kawarnaa | ikang dhingini lampah | Tanpanaha Sawunggaling | panggya pangeran | kalih samya ngabêkti ||

32. saha ngaturakên tundhan tigang dasa | lan sikêp anjagani | sakèhing gêgawan | wadya ing Kapugêran | kang sayah samya anitih | ing jaran tundhan | gendhongan dèn pikuli ||

33. jêng pangeran kalangkung tustha ing driya | kapotangan tan sipi | aris angandika | maring Ki Tanpanaha | putraningsun ana ngêndi | ya kaki Răngga | Tanpanaha tur bêkti ||

34. abdi dalêm kadi taksih anèng wuntat | ulun kinèn rumiyin | agya lampahira | praptèng dhusun Ngungaran | rêb-rêb asipêng sawêngi | enjinge budhal | ing Pudhakpayung prapti ||

35. wus kapêthuk lan Răngga Yudanagara | ingandikan mring ngarsi | Mas Răngga agêpah | manêmbah ngrangkul pada | aturira awor tangis | dhuh gustiningwang | abdine tan angipi ||

36. jêng paduka lolos tumuntên tan wangwang |

--- [f. 166v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 44 dari 105

ămba sangêt amuji | bilih katututan | ing wadya Kartasura | Ki Răngga rinangkul aglis | dening pangeran | janggane dèn arasi ||

37. wisata Mas Răngga ngaturi dhêdharan | pangran akèn abukti | ing sakèhing wadya | miwah ing para putra | sawusira samya bukti | pangran umangkat | agunêm urut margi ||

38. angandika pangeran dhatêng Ki Răngga | hèh sutaningsun kaki | paran karsanira | ingsun banjur mring Dêmak | kaki lamun anarjoni | lan karsanira | sun arsa madêg aji ||

39. lawan ingsun angantèni ramanira | yayi mas adipati | ing Sampang kalawan | Dipati Surabaya | maksèng Kartasura bêkti | matur Mas Răngga | atur kawula gusti ||

40. jêng paduka mandhiria nèng Sêmarang | akanthiyèng Kumpêni | yèn tuwan tan arsa | madêg nagri Sêmarang | nadyan paduka anganti | pratiwèng wetan | pênêd anèng Sêmawis ||

41. langkung watir pan samangke jêng paduka | têbiha lan Kumpêni | wataking wong Jawa | manawi wontên guna | amarsadu ing Kumpêni | amrih paekan | yèn botên dipun broki ||

42. bokmanawi pun Wêlandi malih tingal | kêni dèn mêmanisi | mring putra paduka | Sang Nata Kartasura | têmahipun angregoni | dadya

--- [f. 167r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 45 dari 105

angathah- | akên satruning jurit ||

43. lêng rinewang sapantêse pinasrahan | saprakawising jurit | Walandi punika | sugih prakosa guna | wignya kasub ing ajurit | ing tanah sabrang | kasusra yèn linuwih ||

44. jêng pangeran lêgêg aris angandika | ya sun turut sirèki | nging sira dutaa | mring Sampang aturira | kaya aturmu ing kami | mring ramanira | ing Sampang Adipati ||

45. nêmbah matur Mas Răngga inggih sandika | pun adipati kalih | arinta Madura | Surabaya minăngka | kabêsaraning prakawis | kinarya angkah | ing Kumpêni tur manis ||

41. Dhandhanggula

1. yèn Kumpêni amaliha kapti | manawi ta cinorok ingêbang | saking ing Kartasurane | têmah melik ing sanggup | iwah dhatêng paduka gusti | ămba mukul bicara | aja kudu tulung | ing yuda bala Wêlănda | jêng pangeran pan uwis kêlar pribadi | angrêbutanah[37] Jawa ||

2. yèn wis kanthi ing Sampang Dipati | Surabaya amukul ing Jawa | wus agêdhe dandanane | pasthi pasisir mirut | măngsa wani nglawan ing jurit | makatên amba mojar | dhumatêng kumêndur | dadosa pangampang-ampang | yèn Kumpêni nênuhun sajroning jangji | pangeran

--- [f. 167v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 46 dari 105

suka myarsa ||

3. gya rinangkul Mas Răngga Sêmawis | pangran ngandika dhuh sutaningwang | ingsun têka nurut bae | kaki maring karsamu | salir ikang prakara kaki | ingsun ora uninga | mring Kumpêni iku | ngamungna sira Mas Răngga | tur sandika inggih kapanggihèng dasih | sakathahing bicara ||

4. saking Pudhakpayung budhal aglis | Mas Răngga wus duta mantrinira | kinèn dhingini lampahe | mring praja asung wêruh | maring Kênol yèn pangran prapti | Kumpêni gya sawega | sakèhing dragundur | baris anèng Paterongan | wolung dasa Kapitan Kênol nindhihi | kawarna jêng pangeran ||

5. lampahira praptèng Jatingalih | rarêmbatan kinèn rumuhuna | lan rêrepot sakathahe | pawèstrèn ingkang laju | para rabi praptèng Sêmawis | lènte grahaning putra | myang rabining wadu | sira Dêmang Tanpanaha | kang angirid lawan Dêmang Sawunggaling | mring dalême Mas Răngga ||

6. jêng pangeran lampahira prapti | Paterongan pagya[38] lan Kapitan | Kênol agya atur tabe | gya ingaturan gupuh | pangran minggah ing rata rukmi | lumirig maring praja | tambure gumuruh | sapraptanirèng Sêmarang | gumarudug sanjatane wong

--- [f. 168r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 47 dari 105

Kumpêni | maryêmuni[39] sauran ||

7. bêrondonganira wanti-wanti | Kodhokngorèknya Ki Răngga ngangkang | ting jalêgur Carabalèn | ya ta pangeran rawuh | têdhak saking rata mring loji | astanira sinăngga | mring kapitan mangsuk | mring gêdhong tata alênggah | anèng kursi Kênol matur ngasih-asih | ămba lir manggih rêtna ||

8. prapta tuwan ing nagri Samawis | abdi dalêm Kumpêni sadaya | kalangkung-langkung sukane | lir manggih masagunung[40] | karungrungan lir puwun aking | ing mangkya kajawahan | sêmine angrêmbyung | lir mina rawa kasatan | mangkya kasrambahan ing tirta awêning | asrêpe ikang manah ||

9. jêng pangeran manthuk trima kasih | Mas Răngga majêng sandhing Kapitan | Kênol aris ing wuwuse | dhuh sampun dangu-dangu | jêng pangeran anèng jro loji | sayah mêntas lêlampah | aturana kondur | dening sakèhing bicara | hèh kapitan iya kapanggihèng kami | ja susah mring pangeran ||

10. jêng pangeran kondur saking loji | mring wismane Mas Răngga Kapitan | Kênol agya ngatêrake | tan adangu gya rawuh | ing wismane Mas Răngga nguni | wus gumingsir sabraya | saking wismanipun | samya pinarnah ing jaba [ja...]

--- [f. 168v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 48 dari 105

[...ba] | sinêngkalan naga pêksa ngrasa wani |[41] lolose jêng pangeran ||

11. Mas Răngga wus duta mring Dipati | Sampang ikang dinuta wastanya | Ki Căndrapuspa lampahe | wus anumpak parau | kawarna kang samya nututi | wadya gung Kartasura | sadaya wus wangsul | mulih maring Kartasura | atur tiwas ing nata sagung bupati | dening tan katututan ||

12. palajênge mangsuk ing Sêmawis | pangran pinêthukakên ing marga | de pun Răngga Samarange | asru duka sang prabu | Sumabrata nêmbah tur uning | gusti têtiyang arga | akathah kang mudhun | samya lumakyèng ayuda | Wirawăngsa wastane têtindhih baris- | ipun sampun angrêda ||

13. timbalanira sri narapati | sapratêlon wong ing Kartasura | sira lurugêna age | wus mangkat kang tinuduh | ing ayuda wadana jawi | nahan Rahadyan Surya- | kusuma kang rawuh | Kartasura pinanjara | ing paseban gêdhong sarwi dèn sasabi | rajut ikang panjara ||

14. kawarnaa ikang anglurugi | karaman wus prapta campuh ing prang | nèng Wanglu rame atètèr | kasor kraman kacakup | Wirawăngsa sampun ngêmasi | mawur karining pêjah | ingêlud mring gunung | tinawan pawèstrinira | wusnya mundur mulih Kartasura [Kar...]

--- [f. 169r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 49 dari 105

[...tasura] prapti | katur ing naranata ||

15. ya ta ikang kawarnaa malih | dutanira Mas Răngga Sêmarang | prapta ing Sampang lampahe | mring pangeran gya katur | tinimbalan maring ngarsa glis | duta nêmbah atur srat | tinampan agupuh | winaosinuksmèng[42] driya | wus kadhadha samutatdane kang tulis | pangran suka ngandika ||

16. sigra kèn animbali prajurit | wus angadêgakên barisira | karya tăndha pambalike | nahan ingkang winuwus | ki tumênggung ing Surawèsthi | Jangrana mit ing nata | kalilan agupuh | budhal saha balanira | tarka nata dadi tampinganing jurit | tan nyana ngandhut wisa ||

17. sinrang kang wadya lampahing margi | tan winarna Tumênggung Jangrana | sapraptaning nagarane | mung sipêng tigang dalu | dènnya ngasokakên ing dasih | nulya nabrang mring Sampang | dadosakên rêmbug | praptèng Sampang wus apanggya | lan pangeran suka ing tyas ngacarani | lunggyèng panti pahêman ||

18. lajêng dhêdharan angiras pikir | angandika pangeran ing Sampang | sarwi asuka dêlinge | onêng ingsun kalangkung | kakang maring dika awatir | manawi kawêdaka | ing solahing wadu | matur Tumênggung Jangrana | sakalangkung gèn kawula ngati-ati | upami rinagadha ||

19. taksih kathah [ka...]

--- [f. 169v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 50 dari 105

[...thah] wadyèng Surawèsthi | kalih èwu kang têngga kawula | prajurit tiyapti kabèh | pami kalingkabipun | pinarunggul ing sri bupati | pasthi adamêl susah | wong Surabaya gung | ngamuka sayêkti bubrah | linêmbuta kawula wus ngati-ati | sabên-sabên aseba ||

20. duk rakanta lolose ing wêngi | katujune ămba kang dinuta | angirid pasisir kabèh | nututi lampahipun | Pangran Sampang gumuyu bêlik | dilalah karsaning Hyang | rahayuning laku | matur Tumênggung Jangrana | dhuh pangeran sun sawang sri narapati | cahyane sampun biyas ||

21. kadya dede cahyaning nêrpati | lamun miyos anèng pagêlaran | lir Cina mulês wêtênge | datan darbe kêkuwung | prakatine sampun ngunusi | sengohe wus lumajar | manise wus maprung | tan ana mantraning măntra | lan rakanta kang swarga sri narapati | salir solahing bawa ||

22. Pangeran Sampang nulya angambil | nuduhakên srat saking Samarang | Dipati Surabaya ge | nupiksa srat kawêngku | tustha ing tyas Sang Adipati | Sampang aris ngandika | kakang karsaningsun | Surapati Pasuruan | sun utusi aja obah aja osik | atawa atulunga ||

23. ing Sang Nata Kartasura nuli | ingsun [ing...]

--- [f. 170r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 51 dari 105

[...sun] gêcak nagri Pasuruan | aja ngrêregoni gawe | nadyan miyanga ingsun | mring Sêmarang kalamun uwis | karuwan Pasuruan | matur Ki Tumênggung | Jangrana lêrês paduka | yèn makatên lahêng mangkata tumuli | gèn paduka putusan ||

24. wus karya surat sang adipati | kang dinuta mantrine sakawan | kanêm wong Surabayane | kêkalih ikang tumut | pangajênge Ki Konangpasir | nêmbah wusamya mêsat | numpak ing parau | layar tan kawarnèng marga | gancanging carita lampahira prapti | nagari Pasuruan ||

25. katur dhatêng Radèn Surapati | ingandikan duta prapta ngarsa | angaturakên surate | tinampanan agupuh | tinupiksa sinuksmèng ati | têmbung kang kara-kara | salam donganingsun | rakanta Dipati Sampang | Cakraningrat katurèng ri Surapati | kang palgah[43] Pasuruan ||

26. awiyos pun kakang awèh uning | maring adhi Prawiranagara | ingsun arsa ngadêgake | ratu lamun sirèku | maksih kudu paksa ngêboti | ing Prabu Kartasura | amungsuh lan ingsun | yèn sira tan munasika | pasthi arja lah iku pilihên nyayi | yèn kêna ingsun eman ||

27. wus kadhadha saungêling tulis | duta wus sinung angsulan surat | pinisalin agya lèngsèr | tan kawarna ing laut [la...]

--- [f. 170v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 52 dari 105

[...ut] | lampahira ing Sampang prapti | lajêng tumamèng ngarsa | manêmbah agya tur | surat angsul-angsulira | saking Radèn Surapati dèn tampani | dening Pangeran Sampang ||

28. tinupiksa sinuksmèng ing ati | punika sêmbahipun arinta | pun Surapati wiyose | katura ing pukulun | kakang êmas sang adipati | ing Sampang nyakraningrat | kawula atur wruh | yèn andika darbe karsa | ngadêgakên raja samya trah Matawis | langkung karsa paduka ||

29. pan kawula kangkang[44] tan praduli | aran sami kang darbe ing Jawa | rêbutan padha bangsane | singa dadia ratu | pan kawula kakang wong alit | tan liwat Pasuruan | kang kawula tunggu | pangeran suka ing driya | myang Jangrana miyarsa suka ing ati | pangeran angandika ||

30. hèh kakang Dipati Surawèsthi | dawêg nuli sayaga ing yuda | wong pasisir wetan kabèh | krigêna ja na kantun | yèn amogok gêcêkên wani | kakang nuli muliha | dandana wadya gung | budhal Tumênggung Jangrana | saking Sampang andalani ing Garêsik | wong Garêsik samana ||

31. wus miyarsa warta yèn dipati | ing Sampang ambalikarsanira[45] | mring Pangran Pugêr ujude | sêdya băngga ing ratu | wong Garêsik sampun akait [aka...]

--- [f. 171r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 53 dari 105

[...it] | lan Ngabèi Lamongan | kawratan sih Prabu | Kartasura wus adandan | bêdhug tiga Jangrana sawadya prapti | mêntasaking[46] baita ||

32. kaèbêkanêgari[47] Garêsik | dening wadya gung ing Surabaya | wong Garêsik sru gègère | aprang ing alun-alun | wong Garêsik kathah ngêmasi | karoban ing ayuda | kang gêsang lumayu | angumpul maring Lamongan | dyan ingêlud ing wadya Surabaya glis | nagri Lamongan bêdhah ||

33. Dêmang Lamongan lan wong Garêsik | lajêng dhatêng nagri Kartasura | wong Surabaya undure | prajuritigang[48] èwu | kang binoga samya ingulig | badhe ikang binêkta | mring Sêmarang besuk | ganti ikang kawarnaa | Kartasura sampun amiyarsa warti | saking Dêmang Lamongan ||

34. yèn Pangeran Madura ambalik | lawan dipati ing Surabaya | wus dadi ngadêg barise | wong pasisir kinêlun | ikang băngga pinrêp ing jurit | lan nagari Tatêgal | ngadêg barisipun | kanan kèrine binahak | katur ing sang nata sru duka Apatih | Sumabrata ngandikan ||

35. tan adangu pratèng[49] dalêm puri | nata ngandika hèh Sumabrata | sun arsa putusan age | mring Sêmarang amundhut | bêburonku [bêbu...]

--- [f. 171v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 54 dari 105

[...ronku] maring Kumpêni | arsa sun lurugana | dening durung tamtu | lamun paman kinukuhan | ing Kumpêni alêrês aturnya patih | suwawi andutaa ||

36. Ăntagopa wau kang tinudi[50] | kalawan mantri jawi têtiga | amundhi srat nata lèngsèr | nahan ikang winuwus | ikang wontênagri[51] Sêmawis | lagya samya bicara | Kênolan[52] kumêndur | lan Răngga Yudanagara | Walandi gêng Japara awira-wiri | maring nagri Sêmarang ||

37. kacatur Ki Mas Răngga Sêmawis | pêndhak minggu gènira bicara | anèng kantor esuk sore | ana Kumpêni rawuh | kumasaris saking Batawi | anjênêngi bicara | lan Kumêndur Sêlut | Hindrikansah ing Japara | parêng praptanira ing nagri Samawis | panggya lawan pangeran ||

38. mangkya lêkas abicara malih | Mas Răngga anèng ing kantor bêsar | lan Walandi gêdhe-gêdhe | komasaris amuwus | dhawuhakên srating Kumpêni | kang saking Batawiyah | surat angsul-angsul | Kumêndur Sêlut Driansah | lan Kapitan Kênol ikang dèn angsuli | dènnyarsa ngangkat raja ||

39. komasaris alon dènira ngling | Mas Răngga sira awak Wêlănda | ingsun tari satêmêne | jendral pan nora

--- [f. 172r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 55 dari 105

rêmbug | ing Pangeran Pugêr dadya ji | iku pangeran kêras | wartane wis umum | dhahulu brani Bêlăndha | duk rusake Êtak iku kang matèni | tulung ing Surapatya ||

40. yèn ana maning têdhak Matawis | sira dêgêna nging iku aja | tuwan jendral timbalane | mêngkono maring ingsun | lah rasakna Mas Răngga angli[53] | sarwi gumuyu suka | karsaning durnadur | jendral iku luwih salah | kadhaharan ing ujar ikang tan yakti | sanadyan sayêktia ||

41. Pangeran Pugêr ngrurah Kumpêni | duk Mataram tan prang lan Wêlănda |[54] mêrangi kadange dhewe | dènnya rêbat kaprabun | lan kang raka susuhnan swargi | Mêngkurat duk papêtak | iya sang aprabu | Mêngkurat ikang timbalan | mring kang rayi konulungi[55] Surapati | ngrurah Kapitan Êtak ||

42. pundi silih salahing Kumpêni | yèn jendral tan arsa ngadêgêna | pangeran angadêg dhewe | kuwat dènira rêbut | praja nadyan mangkin wus wiwit | ing Sampang Surabaya | prakosa kang jujung | miwah pasisir sadaya | ing bang wetan kêrig sadaya angiring | marang Dipati Sampang ||

43. lan maninge duk prapta ing ngriki | arsa lajêng mring nagari Dêmak | gyanirarsa madêg raje |[56]

--- [f. 172v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 56 dari 105

prikine têkèng ingsun | rèhning ingsun awakumpêni[57] | jêng pangeran adhahar[58] | maring atur ingsun | Kumêndur Sêlut Driansah | lan Kapitan Kênol samya anambungi | iyêg lawan Mas Răngga ||

44. pasthi abis untunging Kumpêni | yèn Pangeran Pugêr umadêga | raja lan karsane dhewe | angur milua jujung | pirabara olèh nêgari | ing yuda kinuwatan | pasthi nêmu untung | lawan wêkase raharja | wong Kumpêni têtêpa nèng tanah Jawi | dagang olèh kèringan ||

45. dadi manthuk-manthuk komasaris | rinasa-rasa yèn kalêrêsan | ing parêmbagira kabèh | wus kèlu rêmbugipun | karya surat dhatêng Batawi | duta Kumpêni mangkat | an[59] kawarnèng ênu | layar manggih angin kêras | gancanging carita lampahira prapti | nagari Batawiyah ||

46. katur surat saking komasaris | mring gurnadurnya Hurfèk Husdiman | upas animbali age | para Rat Fêni kumpul | idlèr rolas myang sèkrètaris | surat saking Samarang | ganti-ganti dulu | para idlèr anupiksa | surasaning srat gêgubahaning Jawi | maharjèng pramudita ||

47. kang dadya am[60] wêkasaning kardi | dènirarsa ngadêgakên raja | tan ana salaya ing rèh | idlèr rolas arêmbug |

--- [f. 173r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 57 dari 105

wus akarya sul-angsul tulis | duta nulya tinulak | numpak ing parau | praptaning nagri Samarang | Ki Mas Răngga pinanggil maring jro loji | nupiksi[61] surat prapta ||

48. kumêndur sêlut lan komasaris | anèng kantor bêsar lan Kapitan | Kênol agya mas Ranggane | Yudanagara rawuh | pan punika minăngka wakil- | ira kangjêng pangeran | salir bicara gung | aturira Ki Mas Răngga | mring pangeran sampun tumêdhak mring loji | sampun nyênyama angkah ||

49. tinupiksa surat ikang prapti | wus arêmbug ing karsa sadaya | ikang ananggung jangjine | Kumpêni ikang sanggup | ngadêgakên nata tanapi | ngawaki ing ayuda | angruraha satru | nanging nênuhun nagara | Dêmak lawan Japara lawan Tatêgil | yèn lilah jêng pangeran ||

50. lawan Jendral Batawi kirim |[62] mring pangeran awarna busana | warna-warna adi aèng | kang bicara wus runtut | amung kari adêgira ji | lawan jangjining opah | ikang dèrèng rampung | anganti Pangeran Sampang | duk sêmana wong pasisir amiwiti | Sêmarang sapangetan ||

51. sapangilèn Tatêgal kang wiwit | amung ing Dêmak kang maksih rosa | Batang lan Pangangsalane | lyan punika sumuyud | nahan ganti ikang kawarni [ka...]

--- [f. 173v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 58 dari 105

[...warni] | duta ing Kartasura | Ăntagopa rawuh | Sêmarang jujug Wêlănda | mring jro loji dhawuhakên srat nêrpati | tinampan ing kapitan ||

52. tinupiksa saungêling tulis | mring kapitan pêpucuking layang | Sang Nata Kartasurane | amundhut buronipun | Pangran Pugêr kapitan angling | duta sira matura | marang ing ratumu | pangeran anèng Sêmarang | apan dudu Kumpêni ikang ngaturi | pan karsane priyăngga ||

53. nêlukakên sakèhing pasisir | iya dudu karêping Wêlănda | pangeran karsane dhewe | Kumpêni pasthi takut | amalangi ing Jawa iki | pangeran ikang punya | kalamun ratumu | wani têka dèn cêkêla | anèng kene anadene wong Kumpêni | ya măngsa dauwea ||

54. wis muliha ingsun tan ngangsuli | suratira duta gya umêsat | datan winar lampahe |[63] ing Kartasura rawuh | lajêng marêk dhatêng Apatih | Sumabrata gya seba | mring pura gya rawuh | ngarsa nata tur pranata | saature duta kang saking Sêmawis | suratan[64] ingangsulan ||

55. têmbungipun pun Kênol sumêngit | katur sadaya dhatêng narendra | Kapitan Kênol ujare | sru duka sang aprabu | jaja abang

--- [f. 174r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 59 dari 105

lir mêtu agni | ngatirah ikang netya | muka sumung-sumung | Rahadèn Suryakusuma | duk sêmana kinèn tumulya nêlasi | dupyarsa tinêlasan ||

56. dumadakan kang Ardi Marapi | muni jumêgur kadya rubuha | yèn dalu sangêt urube | nênggih salaminipun | sabên arsa dipun têlasi | Radèn Suryakusuma | Arga Mrapi murub | yèn sande sirêp urubnya | dadya ing tyasira sandeya sang aji | radèn wus ingapura ||

57. saha jinungjung ikang lêlinggih | pinatêdhan wong karya sanambang | êmbanira wus pinatèn | radèn sinung jêjuluk | ing sang nata Pangran Ngabèi | Lorpasar kawarnaa | sakèh bupatya gung | pasisir amit ing nata | bang lèr lèn kang kilèn samyarsa jagani | nagrine kang tampingan ||

58. saungkure pratiwa pasisir | wong Kartasura samya sanega | dinutèng ing sang mêngku ngrèh | kinèn mangkat anglurug | pratiwa kang dadya têtindhih | badhe anjog ing Dêmak | kang angirid laku | Ariya Mandurarêja | wêdanane wong gêdhe kalawan maning | Tumênggung Wirawăngsa ||

59. wong sèwu kêmput samya akêrig | Numbakanyar katri kang pratiwa | Tumênggung Wirasastrane | kang anjog Kaliwungu | Mangkuyuda [Mang...]

--- [f. 174v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 60 dari 105

[...kuyuda] Natayuda ri | lan Pangeran Balitar | têtindhihing laku | kang arsa anjog Tatêgal | Arya Banyakwidhe Banyumas kang ngirid | lan Pangran Surabaya ||

60. tan kawarna kang samya lumaris | ganti winarna Pangeran Sampang | wus budhal saking prajane | lan bratya Surèngkewuh | lampahira wadya pinalih | dharat lan ing lautan | Pangran Madurèku | lawan Tumênggung Jangrana | mêtu nglaut kalawan wadya sapalih | dening kang mêtu dharat ||

61. para tanaya Madura katri | kang angirid myang wong Surabaya | ikang dadya pangiride | para kadang tatêlu | aran Arya Japuspitèki | lan Panji Kartayuda | malih arinipun | aran Panji Surèngrana | nahan ikang lumakya ganti kawarni | kang anèng ing Samarang ||

62. wong pasisir akathah kang prapti | samya sumiwèng nagri Sêmarang | nagara kang satêngahe | laku ro kadangipun | maring Kartasura ngladèni | amung nagari Dêmak | tan amalih dulu | ing Batang lan Pakalongan | lan ing Kudus tri samya wiyang ing galih | tan arsa sumiwia ||

63. amung pêpatihira kinardi | wakil aseba maring Sêmarang | Ki Patrajaya wastane | katrima tundhukipun [tu...]

--- [f. 175r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 61 dari 105

[...ndhukipun] | kawarna ing Pathi Kiyai | Mangunonêng Ki Wijah | tilar kalih sunu | aran Dêmang Tirtanata | ikang tuwa Rănggalêlana kang ari | rêmbug lan kadangira ||

64. Tirtanata kang maring Samawis | Rănggalêlana mring Kartasura | Ki Wabru ika sutane | gantia kang nèng laut | Pangran Sampang lampahe prapti | lan Tumênggung Jangrana | dening ikang mêtu | ing dharatan durung têka | Adipati Madura lan Surawèsthi | mêntas dharat sawadya ||

65. lajêng tumamèng praja Sêmawis | wadya gung ambèr ngêbêki papan | bratya kalih sapraptane | lajêng samya umangsuk | pasanggrahan prawara kalih | kèndêl ing pasewakan | wus awêling atur | wikan dhatêng jêng pangeran | yèn dipati ing Sampang lan Surawèsthi | prapta marêk ing jaba ||

66. agya sira kinèn animbali | bratya kalih manjing pasanggrahan | prapta ngarsa doh ingawe | tundhuk angarasuku[65] | jangganira pinêngkul kalih | Jangrana nguswa pada | Pangran Sampang matur | ing netya asêmu waspa | tan andipe gusti kapanggih basuki | Pangran Pugêr ngandika ||

67. amung sira adhi mas sun anti | gèn ingsun arsa jumênêng nata | lawan Si Surabayane | Mas Răngga praptèng [pra...]

--- [f. 175v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 62 dari 105

[...ptèng] pintu | ingandikan tumamèng ngapti | panggya lawan Pangeran | Madura agupuh | agunêm anèngajêngan[66] | wong pasisir amung wong tigang nêgari | rosa taksih abăngga ||

68. dening ikang liya tigang nagri | tupak anèng nagrinta Sêmarang | wus andadi pirêmbage | Pangeran Adilangu | duk sêmana dipun timbali | apan dadya têtiga | ing wêktu puniku | kang kalih dhatêng Samarang | Pangran Têngah lawan Panêmbahan Wijil | kang dhumatêng Sêmarang ||

69. Pangran Răngga maksèng Adigêtir | ikang macung maring Kartasura | ya ta kawarna lampahe | Pangeran Adilangu | kang kêkalih mêdal jaladri | sira Pangeran Têngah | kèrêm anèng laut | sarewange kathah pêjah | karsaning Hyang dening Panêmbahan Wijil | lajêng praptèng Samarang ||

70. bicaranira sampun aradin | samana nuju ing dina Soma | pratiwa pêpêkan kabèh | myang Kumpêni akumpul | pasanggrahan sampun arakit | rineka-reka pura | miwah alun-alun | tanapi taratag rambat | jêng pangeran tumêdhak miyos tinangkil | pinarêk ing taratag ||

71. Kumêndur Sêlut anèng ing kèri | komasaris kang anèng ing kanan [ka...]

--- [f. 176r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 63 dari 105

[...nan] | Kapitan Kênol jajare | pratiwandhèr ingayun | atanapi Pangeran Wijil | wusumiwi[67] ing ngarsa | jajarira lungguh | sira Pangeran Madura | lan Jangrana Pangran Sampang ngadêg aglis | ingarsa undhang-undhang ||

72. hèh sarupaning para bupati | ngèstokêna gusti jêng pangeran | angadêg nata karsane | sarta panjujung ingsun | atanapi sagung bupati | tuwi[68] durnadur jendral | ngèstrèni anjungjung | saha Rat Fêni sadaya | Panêmbahan Wijil angadêg ngarsa glis | maca donga karatyan ||

73. bisikanira sri narapati | Jêng Susuhunan Pakubuwana | Senapati Ngalagane | saha Ngabdurrahmanu | Sayidin Panataagami | yèku aran wasiyat | Jêng Sultan Matarum | pratiwa saur kukila | wong Kumpêni urmat mriyêm dèn sulêdi | muni lir wukir bêntar ||

74. bêrondonganira wanti-wanti | sinapan sèwu kang sarêng munya | lir gêlap sèwu swarane | munggang munya abarung | Carabali lawan Saruni | otêr wong sanêgara | swara tri gumuruh | tambur Kumpêni gumrambyang | pratiwa kèh tabah-tabahane atri | miwah wadya ing Sampang ||

75. lajêng ăndrawena[69] pra dipati |

--- [f. 176v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 64 dari 105

samya atandhak kalaran-laran | lan Kumpêni gêdhe-gêdhe | gong muni ting jalêgur | wong Madura baris ngubêngi | anèng ing kèri kanan- | ira sang aprabu | pêpêkang[70] amêng-amêngan | angladèni badhayane wong pasisir | aglar ngarsa sri nata ||

42. Sinom

1. sang nata asru ngandika | hèh sagung para bupati | padha sira pyarsakêna | myang sakèhing para mantri | yayi mas adipati | ing Sampang sun wèhi juluk | anama Panêmbahan | Cakraningrat sun sêdhahi | nguyunana pasisir wetan sadaya ||

2. lan Si Răngga ing Sêmarang | Yudanagara sun alih | ajêjuluka Dipatya | Sura Adimênggalèki | lawan ingsun paringi | urut dalan karya sèwu | padha angèstokêna | Si Răngga nama Dipati | Sura Adimênggala kulmak Samarang ||

3. lan Si Tumênggung Jangrana | ing mêngko sun jêjuluki | jumênênga adipatya | tulusa angaliwoni | sarupaning pasisir | dipati ing Surèngkewuh | kalawan Si Japara | sun jungjung jêjuluk maning | jumênênga Dipati Sujanapura ||

4. kalawan Si Jawikrama | iku sun jungjung lêlinggih | iya ing Kudus nagara | sarta sun wèhi kêkasis[71] | jêjuluka

--- [f. 177r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 65 dari 105

Aryèki | Jayasantika ing Kudus | dening Si Sêtrajaya | iku sun karya pêpatih | jumênênga Si Tumênggung Cakrajaya ||

5. sisiha Si Banyakpatra | karo sun gawe pêpatih | sarta sun wènèhi aran | Tumênggung Kartanagari | lawan Si Jiwasutèki |[72] iya sun jungjung lêlungguh | nayaka jro sun karya | sarta sun wèhi kêkasih | jumênênga Si Tumênggung Citrasoma ||

6. Si Ănggataka sun karya | sisihe Citrasomèki | padha sun karya wadana | jêro sun wèhi kêkasih | Si Ănggataka mangkin | ajêjuluka Tumênggung | Wirancana kalawan | Si Kartajaya sun wèhi | jêjuluka Kêndhuruan Wilatikta ||

7. iya sun karya wêdana | dening ikang dèn lurahi | sakèh mantri Numbakanyar | lawan Si Krêtiwăngsèki | ingsun jungjung lêlinggih | mêdanani mantri sèwu | padha nayaka jaba | lan ingsun wèhi kêkasih | jumênênga Tumênggung Jayasudarga ||

8. lan bocah ingsun Si Subah | ingsun wènèhi kêkasih | Ngabèi Wirasantika | nindhihana Gandhèk Kèri | Si Bayu sun arani | Răngga Wirasamitèku | nindhihi Gandhèk Kanan | dening Si Kartinalèki | sun wènèhi aran Răngga Wanèngjiwa ||

--- [f. 177v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 66 dari 105

9. Si Sutakarti sun karya | ing Cêngkalsèwu nagari | sarta sun wènèhi aran | Ngabèi Kartijayèki | Si Bawa sun arani | Angabèi Sêcaranu | lunggyèng mantri Kaparak | Si Sodar ingsun wènèhi | iya aran Angabèi Kartawirya ||

10. Si Koplo iku sun karya | mantri jro ingsun arani | Angabèi Kartayuda | pirabara ta ing buri | pan sampun awaradin | wong Kapugêran kang munjuk | kêdhikang[73] dèrèng minggah | akèh kang wis sinung linggih | kapêdhake lawas lawan upacara ||

11. panakawan gamêl samya | sampun sinungan lêlinggih | sadarbene sewang-sewang | sawang-sawung ikang abdi | wanèh alinggih mantri | ana kang nama tumênggung | dêmang ngabèi răngga | arya sagunging bupati | ganti-ganti angaras pada narendra ||

12. miwah pratiwaniranyar | samya angaras pada ji | kang para mantri sadaya | kang anyar miwah kang lami | sawarnine kang abdi | kumroyok sami angujung | karatyan sawusira | mangkana inggaring dasih | èsthinira patine kinarya dana ||

13. ganti ikang para putra | sadaya jinungjung linggih | padha sinung ran pangeran | Radèn Wăngsatarunèki [Wăngsata...]

--- [f. 178r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 67 dari 105

[...runèki] | ran Pangeran Dipati | Anom Mêngkunêgarèku | Radèn Martataruna | Pangeran Dipasăntèki | Radèn Ăntawirya Pangran Prangwadana ||

14. Rahadèn Dipataruna | Pangran Dipanêgarèki | dening Rahadèn Sasăngka | Pangeran Purubayèki | Radèn Sudama nênggih | sampun sinungan jêjuluk | ran Pangeran Balitar | sagung pra sunu ngabêkti | lir sinêkar ing driya kang para putra ||

15. kasaru wau kang prapta | wadyèng Sampang Surawèsthi | kang samya mêdal ing dharat | lajêng alun-alun prapti | para mantri pangirid | lajêng sumiwa ing ngayun | wus katur ing narendra | yèn pra kadang Surawèsthi | atanapi para putra ing Madura ||

16. kadangira Adipatya | Jangrana ikang kêkalih | pinundhut dhatêng sang nata | kadangira kang tumuli | saha sinung lêlinggih | ing Surabaya wong sèwu | ginêmpalkên sinung ran | Arya Jayapuspitèki | pan minangka sosoranira kang raka ||

17. arinira kang pamadya | pinundhut ing sri bupati | sinung nagari Nglamongan | saha sinungan kêkasih | Panji Surèngranèki | Nglamongan ganjaranipun | putrane [putra...]

--- [f. 178v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 68 dari 105

[...ne] panêmbahan | kang sêpuh sinung kêkasih | nama Radèn Tumênggung Natadiningrat ||

18. tutugènira[74] kasukan | sang nata lan pra dipati | kondur kang wadya luwaran | miwah kang wadya Kumpêni | nahan ikang winarni | gêgamaning Kartapurun | prapta nagri ing Dêmak | wusamya apacak baris | Wirawăngsa lan Arya Mandurarêja ||

19. tri Tumênggung Wirasastra | dening kang arsa anjog ing | Kaliwungu Mangkuyuda | kalawan Natayuda ri | Pangran Balitar tindhih | wong Kêdhu baris ing Tugu | kang anjog ing Tatêgal | baris kidul Têgalwangi | Banyakwidhe lan Pangeran Surabaya ||

20. kang baris anèng tengahan | malang satêngahing margi | Ki Tumênggung Jayaningrat | kêkasihira nêrpati | sêtya parêng ngêmasi | tumênggung lawan sang prabu | binêtan sapratigan | dunya sadalêming puri | kinèn nganggya anggajih kawula sabrang ||

21. wong Ambon Tarnete Cina | Malayu Makasar Bugis | abaris anèng Ungaran | têtêp samya abêbiting | lan wadya ing Matawis | bêbiting

--- [f. 179r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 69 dari 105

nèng Pudhakpayung | kang nèng Kêdhu mangkana | wong Kêdhu padha bêbiting | pan sadaya ayun-ayunan ing yuda ||

22. Tumênggung Wiranagara | ing Têgal anuhun pamit | kalawan Rêksanagara | wus budhal saking Samawis | arsa nglar jajahaning | rowang arsa mrêp ing mungsuh | kang anjog ing Tatêgal | sampun ginawan Kumpêni | upêsire awasta Lutnan Jahisman ||

23. panêmbahan ing Madura | sampun amatah prajurit | kang badhe ngêlar jajahan | marang ing Dêmak nêgari | Jangkewuh lan Jangpati | ngirid sikêping prang sèwu | kêkalih ikang putra | ikang kinarya têtindhih | Radèn Suradiningrat lan Radèn Dêmang ||

24. dening wadya Surabaya | ikang kinarya têtindhih | sira Ki Pabji[75] Lamongan | sanambang sikêping jurit | mêdal dharat Kumpêni | sadaya mêdal ing laut | senapatining yuda | Kapitan Kênol Samawis | sabragada Kumpêni ikang binêkta ||

25. ikang tinuduh gitika | ing mungsuh Kêdhu kang baris | ing Tugu wadya Madura | sèwu dhomas winatawis [wina...]

--- [f. 179v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 70 dari 105

[...tawis] | sèwu wong Surawèsthi | kang dadi pangiridipun | Arya Jayapuspita | putra Madura kêkalih | Radèn Sasradiningrat lan Radèn Răngga ||

26. Kumpêni Kapitan Gusman | saradadu rong Kumpêni | kawarna kang anèng Têgal | sampun campuh ing ajurit | sakidul Têgalwangi | arame dènira campuh | Wiranagara lawan | Rêksanagara tanapi | myang Kumpêni têtindhih Lutnan Jahisman ||

27. Banyakwidhe barisira | tigang èwu winatawis | lan Pangeran Surabaya | wong Têgal têngara nitir | miyos têmpuhing jurit | wong Têgal samya anggêrgut | tadhah wadyèng Banyumas | arame campuhing jurit | swaraning kang sanjata lir ruging arga ||

28. saksana Lutnan Jahisman | Kumpêninira dèn irid | anggitikang[76] dadi dhadha | tinadhahan wong Kumpêni | angêdrèl wanti-wanti | suraking wadya gumuruh | awor tambur wurahan | Wiranêgara nulya glis | lawan Rêksanagara nabêt angiwa ||

29. dhadhal [dhadha...]

--- [f. 180r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 71 dari 105

[...l] wadya ing Banyumas | tan ana tahan ing mimis | punggawane wus lumalya | tinilar ing bala ngisis | akèh ikangêmasi[77] | kang gêsang samya sumawur | tan amăngga puliha | sasaran arêbut urip | agya Wiranagara mundur sawadya ||

43. Durma

1. nahan ganti kawarna wong Kartasura | kang samya anuguri | nagara ing Dêmak | Arya Mandurarêja | Tumênggung Wirasastrèki | lan Wirawăngsa | wus amiyarsa warti ||

2. yèn wong Sampang anglurugi nagri Dêmak | lawan wong Surawèsthi | têtindhihing yuda | aran Panji Lamongan | dening têtindhihing baris | wadya Madura | Jangkewuh lan Jangpati ||

3. putra Sampang Rahadèn Suradiningrat | lan Dyan Dêmang Walandi | Kênol kang lumakya | anging mêdalautan[78] | angirid bala Kumpêni | kawula Dêmak | ngalun-alun abaris ||

4. ikang mapag mungsuh kang mêdalautan | Tumênggung Dêmak katri | Kya Wiranagara | lawan Padmanagara | Tumênggung Suranatèki | sawadyanira | anadhahi Kumpêni ||

--- [f. 180v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 72 dari 105

5. kang nadhahi Sampang lan wong Surabaya | wadya Kartasurèki | wusamya sawega | Kumpêni kawarnaa | palwanira wus angranjing | mêntas ing dharat | lajêng tumamèng nagri ||

6. wadyèng Dêmak wus tata sigra têngara | wruh yèn Wêlănda prapti | baris lêlumbungan | tambur muni gumêrah | alfèrèsira nindhihi | sareyanira | samya angapit-apit ||

7. kopralira angimpun ing ngarsa wuntat | Kapitan Kênol tindhih | nèng wuri wong Dêmak | mangsah anêmpuh rampak | Kumpêni tadhah ngêdrèli | lir ampak-ampak | pêtêng kukusing bêdhil ||

8. kadya singa wong Dêmak pangamukira | ingêdrèl wanti-wanti | wadya ing Madura | lawan wong Surabaya | wus ajêng-ajêngan sami | atata gêlar | dhadha myang kanan kèri ||

9. sarêng mangsah lan wadya ing Surabaya | Ki Panji anindhihi | prajurit Madura | rampak pamangsahira | lir danawa rêbut daging | pating jalimprak | kaduk sura mangukih ||

10. Panji Surèngrana agya ngirid wadya | tri atus wong sinêlir [si...]

--- [f. 181r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 73 dari 105

[...nêlir] | angamuk anêngah | wong Kartasura tadhah | wong Surabaya angukih | miwah wong Sampang | sadaya ngamuk wani ||

11. binarondong ing bêdhil lan sinawuran | pasêr bungsur lan lêmbing | kukusing sundawa | pêtêng lir ampak-ampak | lir pindah siniwèng sari | wadya Madura | saya berag ing galih ||

12. datan wangwang mulad lungiding warastra | myang wong ing Surawèsthi | lir banthèng abrana | wong Sampang Surabaya | pangamukira lir bêlis | wong Kartasura | rusak tataning jurit ||

13. ngiwad-ngiwud pangamuke wong Madura | miwah wong Surawèsthi | Panji Surèngrana | angawaki ngayuda | awor lawan wong sinêlir | wong Kartasura | rêmpu wong Dêmak ngisis ||

14. wus angumpul barise wong Kartasura | mogok anèng Tambiring | ingêlud lumalya | mung ngawali sadhela | kutha Dêmak dèn lêboni | wong Kartasura | mawur tan măngga pulih ||

15. bali maring praja wadya ing Madura | miwah wong Surawèsthi | wadya Kartasura | lan wong Dêmak kaplajar | ting balulung kumpul malih | sisaning pêjah | sampun kumpul abaris ||

16. sinêngkalan duk bêdhahe nagri Dêmak | trus pêksa

--- [f. 181v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 74 dari 105

ngrasa wani |[79] taksih tunggil warsa | lan jumênênging nata | kangadêg anèng Samawis | ya ta kawarna | wong Sampang Surawèsthi ||

17. pan atugur anèng nagari ing Dêmak | Ngadilangu winarni | sira Pangran Răngga | tundhuk maring Samarang | tinarima ing sang aji | dadya samana | Ngadilangu pinalih ||

18. Panêmbahan Wijilan[80] Pangeran Răngga | têtêp dipun kalihi | ya ta kawarnaa | wong Sampang Surabaya | atanapi wong Kumpêni | kang arsa ngrurah | kang anèng Tugu baris ||

19. praptèng sawetaning Tugu lampahira | wong Kêdhu angawruhi | yèn mungsuhe prapta | sigra samya sawega | atata gêlaring jurit | pangawat kapang | ing dhadha dèn kandêli ||

20. wong Kumpêni atata wus dadi dhadha | wong Surabaya kèri | wong Madura kanan | tambur munya brang-brangan | gumêr barung Carabali- | ning wong Madura | miwah wong Surawèsthi ||

21. ting jalêgur galaganjur Surabaya | sigra têmpuhing jurit | wong Kêdhu sumahab | Tumênggung Mangkuyuda | angadhangkrang dèn payungi | anèng palagan | mangsah sikêping jurit ||

22. campuh ing prang wong Kêdhu lawan wong Sampang | apanggih padha wani | arame kang yuda | wong Sampang ambêk sura | wong Kêdhu pêngkuh

--- [f. 182r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 75 dari 105

nadhahi | sigra Wêlănda | byuk samya ambêdhili ||

23. akèh mati wong Kêdhu maksih apanggah | ingêdrèl wanti-wanti | Kyai Mangkuyuda | lan ari Natayuda | tatag titihing ajurit | sawadyanira | pêngkuh sura ing pati ||

24. pan gumulung wadyèng Sampang Surabaya | para mantri ngawaki | Dyan Sasradiningrat | ngirid wong Trunasura | mangsah nêmpuh ngoyok wani | Rahadèn Răngga | bêluki ikang buri ||

25. Arya Jayapuspita angirid bala | ngawaki ing ajurit | rame têmpuhing prang | bêdhilir[81] gunung rêbah | kukus pêtêng tan kaaksi | mungsuh lan rewang | caruk awor kang jurit ||

26. ramening prang pêpati susun atumpang | dèn idak tan tinolih | Arya Japuspita | nêngah asumbar-sumbar | wong Kêdhu mundura aglis | bokor anăngga | mungsuh wong Surawèsthi ||

27. anolèha pundhakira babak bundhas | padha pating talêning | măngsa madhanana | lawan wong Surabaya | pundhake padha anglading | mara numbuka[82] | wong punuk kaya sapi ||

28. ya ta ana mantri panèwu miyarsa | ran Dêmang Sarapati | mara ngagêm watang | Arya Jayapuspita | gumujêng sarya sru angling | hèh arêp apa | punuk amarêpêki ||

29. apa akon sira [si...]

--- [f. 182v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 76 dari 105

[...ra] ngiris punukira | dèn aparêki gêcil | Sarapati matang | mungkur Jayapuspita | wong Surabaya wruh aglis | Ki Sarapatya | nulya samya dèn byuki ||

30. kinarocok Dêmang Sarapati pêjah | Mangkuyuda wruh aglis | mangsah saha wadya | Arya Jayapuspita | myat Mangkuyuda ngawaki | ngabani bala | ngamuk wong Surawèsthi ||

31. têmpuhing prang Ki Arya Jayapuspia | angadu wong sinêlir | wong Kêdhu apanggah | pangawatira dhadhal | wong Madura anginêbi | sakingiringan[83] | ing dadha wus kalindhih ||

32. Natayuda anangis matur ing raka | lah suwawi gumingsir | pan dede sêsanggan | mêngsah saya kèh prapta | sampun karsaning Hyang Widi | ing Kartasura | pulunge wus angalih ||

33. pra jayaning ayuda tan ana pisan | lan sampun mratelani | apêsing nagara | mungsuh yèn ingsung sawang | rong uwong gênge kaaksi | Ki Mangkuyuda | myarsa aturing ari ||

34. ngingêr kuda mundur Pangeran Balitar | lumayu andhingini | baris Kêdhu dhadhal | ingêlud ing wong Sampang | kadya bajo angajawi | pambêrêgira | wong Kêdhu tan apulih ||

35. asasaran akèh kang mati ing marga | wanèh manjing wanadri | sayah mati jurang | ing Kaliwungu prapta | wong Sampang wong Surawèsthi | miwah

--- [f. 183r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 77 dari 105

Wêlănda | kèndêl ing Kalitangi ||

36. palayune Mangkuyuda Natayuda | anjog Kêdhu kawarni | wong Kumpêni ikang | anèng nagri Tatêgal | wus budhal saking nagari | ing Pakalongan | Batang arsa ginitik ||

37. lan Tumênggung Wiranagara Tatêgal | Rêksanagara ngiring | wau lampahira | ing jajahane prapta | Pakalongan têpis iring | ing praja samya | gègèr kang dèn anciki ||

38. sampun katur dhatêng Radèn Nitiyuda | yèn mungsuh agêng prapti | myang Tumênggung Batang | Rahadèn Madurêtna | wus rêmbag lolos ing wêngi | dening miyarsa | kang baris Tugu ngisis ||

39. gêrawalan Nitiyuda Madurêtna | lolosaanak[84] rabi | kang sinêdya driya | anjog Kêdhu kewala | kawarnaa wong Kumpêni | manjing ing kitha | lan Tumênggung Tatêgil ||

40. atanapi kitha Batang linêbêtan | samya kapanggih sêpi | ya ta kawarnaa | wong Sampang mring ing Kêndhal | ingkang anèng Kalitangi | ngêlar jajahan | tundhukang[85] kanan kèri ||

41. pan wus mundur Kumpêni maring Sêmarang | samya atinggal mantri | kangêlar[86] tampingan | miwah kang anèng Dêmak | wusamya atinggal mantri | Kênol wus bubar | ing laut dèn wêdali ||

--- [f. 183v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 78 dari 105

44. Mijil

1. ênêngêna kang samya lumaris | gênti winiraos | susuhunan kang wus mêngku angrèh | sabên Sêptu sore amiyosi | pawatangan amrih | sukaning wadya gung ||

2. lir rinêngga nagarèng Sêmawis | ing kusuma abyor | wadyabala ing Kartasura kèh | nusul maring nagarèng Samawis | sumiwèng nêrpati | samya atur-atur ||

3. ya ta samana ikang winarni | sira jêng sang katong | akasukanèng[87] pasanggrahane | pratiwandhèr lan kang para rabi | miwah para mantri | nèngarsa supênuh ||

4. atap ingarsa kang para siwi | umyang swaraning gong | pirang-pirang rancak badhayane | panêmbahan mangka panutaning | sagunging bupati | Kumpêni gung-agung ||

5. samya sumiwa ngarsa nêrpati | myang Kapitan Kênol | sampun prapta sumiwèng ing raje | sanityasa mênang ing ajurit | myang wong Surawèsthi | Sampang sarêng rawuh ||

6. Kumêndur Sêlut anèngarsa ji | gènira alunggoh | jajar lan komasarise kabèh | padha ingandikan ing nêrpati | para nung Kumpêni | ăndrawena nginum ||

7. ganti-ganti kang ambêksa rangin | kang para putra nom | para nayaka lêlawanane [lêla...]

--- [f. 184r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 79 dari 105

[...wanane] | Pangran Dipati ikang miwiti | tandhingya[88] angrangin | panêmbahan mungguh ||

8. sagung swamining para bupati | ngladèni nanonton | ya ta ana kaprênah mantune | ikang lanang siwining Dipati | Sêmarang anênggih | kang pambajêngipun ||

9. akêkasih Mas Martayudèki | pinundhut ing katong | pan kinarya carik sakalane | anèng Samarang sri narapati | dèrèng darbe carik | milane tinuduh ||

10. Martayuda rabine yu luwih | kuning mêlok-mêlok | lagya pêputra pindho sêmune | thêthèngèl galak ulat alindri | solah jungkarangi | moyog mandul-mandul ||

11. madyanya lir goratapa rêsmi | pantês karya rimong | blalak-balalak nrulèk ulate | keswa wilis anglir jalanidi | sinasayèng sari | maltuk gambir mênur ||

12. sing wong priya mulat ulat lalit | gonjing kadya rutoh[89] | driyanya lir pêdhot gantilane | kamanisên binajong ing liring | pasthi yèn dalêming | sêkala wong kakung ||

13. sadangunira ambêksa rangin | Pangran Dipatya Nom | dhasar wignya apelag bêksane | sira Ni Mas Martayuda linggih | dènnya myat macicil | gorèh [go...]

--- [f. 184v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 80 dari 105

[...rèh] dènnya lungguh ||

14. èsmu wagugên sajroning ati | rongèh dènnya lunggoh | kasamêkan[90] sinjang ting kathèthèr | mulat ing pangeran bêksa rangin | nagarèng Sêmawis | tan ana kadyèku ||

15. swanida kumyus lir dèn sirami | layon gêlung rontog | ya ta ana siji pawongane | aran Biyang Garêm wruh ing wadi | sang ayu jinawil | adhuh dawêg mêtu ||

16. solah andika angatarani | têka pijêr dongong | mulat ing sang bagus trus bêksane | dhongoh sengoh sugih parak ati | wignya amumpuni | ing sastra aputus ||

17. dede wawratan andika ugi | wiyanging sang anom | amitraa putrane sang angrèh | lir parênjak arsa nguntal manggis | cilaka pinanggih | dawêg age mantuk ||

18. kering ing wongira sang akingkin | lampahira miyos | jaban pintu wirangrong driyane | amarêngi Pangeran Dipati | luwar dènnya ngrangin | nuju sêne mêtu ||

19. sapraptane pangeran ing wijil | myat wong proyong-proyong | pangran adangu ris andikane | bibi iku apa ta wong agring | bok kasambêt bibi | panayuban mau ||

20. Biyang Garêm mèsêm [mè...]

--- [f. 185r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 81 dari 105

[...sêm] wruh ing wadi | matur awotsinom | inggih gusti kasambêt sakite | ing panayuban lamun suwawi | aparinga gusti | hèr mangka rêraup ||

21. pangeran mèsêm angujiwati | ngiwa mring papojok | sarya angandika ris têmbunge | lah ya besuk esuk sun parani | nging sira mas ari | aja sangêt wuyung ||

22. dèn bisa sira simpên wêwadi | aja na wong wêroh | lan dèn bisa anamar kakunge | sugun-sugunên aja katawis | kalamun aisi | ing tyas maro dulu ||

23. Bok Martayuda asrêp ing ati | myarsa ling sang anom | pangeran agya bali prênahe | Biyang Garêm nyulêd damar lilin | wus mêtu ing jawi | praptèng wismanipun ||

24. Martayuda aniba aguling | têka mujung dodot | datan ana kaciptèng driyane | amung sira Pangeran Dipati | waspa adrês mijil | tyasira surêmpu ||

25. mudhun saking jinêm anèng jawi | lawang manglong-manglong | rangu-rangu lali tadhah sare | kawarnaa jêng sri narapati | kondur angluwari | dènira anayub ||

26. sampun kondur Pangeran Dipati | ikang nandhang wirong | kang kacipta amung ubayane | lawan Nimas [Ni...]

--- [f. 185v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 82 dari 105

[...mas] Martayuda nguni | sapolahe kèsi | têka akaryèng kung ||

27. sakathahe kang para bupati | wus padha makuwon | miwah ikang para putra kabèh | ya ta sira Pangeran Dipati | wau sapraptaning | pakuwon amujung ||

28. kampuhira gadhung kang rinukmi | pinanthêng lir pêdhot | kang gumarit anèng ing driyane | patêmbayanira lan sang lagi | wiyang kasambêt ing | panayuban wau ||

29. gènnya sare tansah mêrêmêlik[91] | kaya ana gendhol | ing daganira nguswa padane | gumaregah pangeran atangi | tan ana kaaksi | pangeran angungun ||

30. supe sakala ngidung rarêpi | kang rinênggèng panon | amung sang awèh ing ubayane | kang asawang kumala cinawi | mêmondhang Samawis | bisa awèh wuyung ||

31. manggis pita kang sun têdha gusti | kang bisa wèh rimong | aja maleca ing ubayane | pêkên alit sulung mêtu enjing | wurunga karon sih | paran solah ingsun ||

32. pancadan anèng ing tiris-tiris | kawêntar atanggon | sun rewangi takêr ludiranggèr | amilanga tatu adus gêtih | tanêdya gumingsir | saking wrating wuyung ||

33. upamèngsun pradapaning sari | kanginan [kangina...]

--- [f. 186r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 83 dari 105

[...n] mèh layon | sinasayèng[92] arka sru kênyare | yèn tan tulusa ingsun karwansih | rêraga matyaking | dènnya tan manggya rum ||

34. ya ta na kang kinarya dhadhaning | anilib sang anom | bapakane Garêm kêkasihe | jalu èstri mangkya jarumaning | èstri samya èstri | jalu sami jalu ||

35. duk sêmana hyang arka wus nitih | ing arga sang anom | animbali marang kêkaruhe | Bapak Garêm wus prapta ngarsa glis | ngandika sang pêkik | mayo don ing dalu ||

36. kang sinung ujar matur suwawi | andhustha kalangon | adhuh gusti witning têtagone | angarsa-arsa kalangkung kingkin | supe tadhah guling | wuru ing sang bagus ||

37. bakda ngisa têdhak sang apêkik | lumampah wong loro | lan Pak Garêm mampir ing wismane | pangran tut wuri anulya prapti | ing wismanira glis | pangeran alungguh ||

38. parêk lan wismanira sang pinrih | sarining kalangon | Pak Garêm iku magêrsarine | ing Mas Martayuda tur kinanthi | gantia kawarni | sira sang kênèng kung ||

39. kakungira anujoni kêmit | pasanggrahan katong | kang tinilar maharjèng gêlunge | sinasayèng ing gambir malathi | rema mêmêk wilis |

--- [f. 186v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 84 dari 105

maltuk puspita rum ||

40. kasêmêkane jingga mas marir | asinjang tigaron | lamat-lamat rinêmbug pupure | waja kumênyar mêntas kinêsik | gagănda mrik minging | apêpilis wungu ||

41. ingadhêp ing pawongan kêkalih | kang tansah tinaros | Biyang Garêm aris ing ature | sampun sangêt wiyanging sang pêkik | rakanta manawi | wruh ing wong awuyung ||

42. kawarnaa sang arsandon rêsmi | wus angrampid jaro | Bapak Garêm tansah ing wurine | mêdal ing kori butulan wingking | lumampah aririh | palataran rawuh ||

43. kawarnaa sang anahên wingit | nèng panirat lunggoh | anèng kursi dèn adhêp jomblange | tansah yun-yunên ing sang wèh jangji | mèh lalu panganti- | nira sang kênèng kung ||

44. dènnya ngandika waspa drês mijil | wong agung agoroh | kongsi pukul sawêlas wayahe | bibi pangeran norana prapti | dhêngkah madung pari | kaniaya tuhu ||

45. sang ingucap myarsa marêpêki | dhodhok anèng ing sor | tiris gadhing kapering prênahe | wetan panirat dohe watawis | sadhêpa rong kaki | lan gènnya sang ayu ||

46. Bapak Garêm nèng wuri atêbih |

--- [f. 187r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 85 dari 105

gènira andhodhok | sang lir puspita drês garundêle | si pinarag ing wibawa mukti | saya ngadi-adi | dumèh putra ngratu ||

47. asikara angrêrujit ati | bisa karya wirong | apa ikang tinêmu ing têmbe | wong karya saksêrik ing sasami | sun têdha yèn mulih | pinaraga besuk ||

48. antuning wong pasisir kang mandi | ya dèn kongsi lodhoh | aja lodhoh-lodhoh sarirane | ngêlu mulêse bae dèn ênting | aja na kang kari | bajang sawanipun ||

49. eman wong abagus angêmasi | bayêm sêngkring ingong | wong antêng-antêng pinrih lènjèhe | yèn ta wurunga ingsun urup sih | lawan sang apêkik | mugi ta ragèngsun ||

50. aja awèt-awèt nandhang agring | ngur dadia layon | tan kawawa anahên wirage | Martayuda Gêrok laki mami | sun têdha ing Widi | matia dipênthung ||

51. yèn awèta si jênat aurip | lakiku Si Gêrok | jêlèh têmên awidhung polahe | lan malihe dadi makewuhi | gèn sun amrih rêsmi | lawan wong binagus ||

52. lan ingsun bosên ing wong Samawis | kau ing paturon | srênggarane gung anubruk bae [ba...]

--- [f. 187v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 86 dari 105

[...e] | astane kaya wong mamêlahi | yèn dèn pêleroki | bêkos banjur nuthuk ||

53. wong Kartasura luwês sêmuning | nyênyêd ing paturon | bisa nganyutakên ing swamine | apa maning kang trahing priyayi | baud apulang sih | mrih pupuling lulut ||

54. layak si dhêngkah kang cidrèng jaji[93] | wasis ing paturon | măngsa ta adoha lan baguse | lan maninge dhasare priyayi | pasthi yèn winasis | si pinarag ngantu ||

55. lagya wacana sang kadya sari | pangeran mara lon | sang dyah kagyat lunga sing prênahe | pangran nandhak asta wacana ris | adhuh jiwa mami | mring êndi wong ayu ||

56. apa tan sotah mulat ing dasih- | ira kang gung rimong | kasangsayèng ing liringiranggèr | sang lir puspita suka ing ati | mêndhêk awotsari | amasuhi suku ||

57. agya sinambut mring jinêm wangi | winangwèng paturon | sang dyah matur dukapan[94] praptane | baya wus dangu angintip-intip | pangeran nauri | mau duk pathuthuk ||

58. sang lir sari gumujêng anjiwit | praptèng tilam lunggoh | tirahing made tilamsarine | lêt pandam dadya têmpuhing liring | sarawungan kadi | kilat thathit barung [ba...]

--- [f. 188r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 87 dari 105

[...rung] ||

59. sarêng surêmpu jalu lan èstri | kepyaning tyas karo | tanpa jamuga pangran driyane | tan sêrănta myat sang kadya sari | sinarèkên[95] aglis | rinoban pangrurum ||

60. dhuh kusuma juwitaning sari | sarining paturon | baya iki mangka usadane | gèn ingsun agring anahên kingkin | lir taru mèh aking | katunan jawuh |[96]|

61. lir mina sat kasrambahan warih | asrêpe tyas ingong | dening sampun kapanggya lan anggèr | nadyan silih manggiha bilai | wis kondhang dewastri | wani talang tatu ||

62. sang dyah ingaras awanti-wanti | anggane kalêson | wus karêbut sang ayu sinjange | wêntis gumêbyar sampun katitih | datan kêna gingsir | pinarwasèng lulut ||

63. wusnya wêdhar kang apulang rêsmi | asangêt kawuron | sampun pukul sakawan wayahe | pangeran tumêdhak asêsuci | wusira alinggih | anèng ing panti rum ||

64. sang lir sari nambut burat wangi | majêng awotsinom | wus ginănda pangran sarirane | kawarnaa kang lagya akêmit | pasanggrahan aji | palataranipun ||

65. Martayuda sadalu tan guling | dènira asaos | mêlang-mêlang rasane [rasa...]

--- [f. 188v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 88 dari 105

[...ne] atine | kaya ing wismanira na maling | mila age mijil | praptèng wismanipun ||

66. palataran lajêng ngintip-intip | kang anèng ing jêro | ting garênêng wong roro swarane | saya anêmêni kang angintip | dangu-dangu kaksi | yèn ana wong lungguh ||

67. tirahing made wong lanang pêkik | gêrwane anèng sor | yèn anglinga sapa baya kiye | dangu-dangu awas aningali | yèn Pangran Dipati | kang anèng tilam rum ||

68. dadya sandeya rasaning ati | dènirarsa alok | ajrih lamun kacihna ing akèh | dadya adhaham asru ing jawi | Pangeran Dipati | kagyat agya mêtu ||

69. bêbutulan buri dènnya mijil | wus abêdhah jaro | Bapak Garêm tansah ing wurine | palajêngira Pangran Dipati | nyalimpêt ing margi | kawarna kang kantun ||

70. Martayuda malêbèng wisma glis | rabine andhodhok | lajêng cinandhak asru rambute | asru pinala inguncit-uncit | sarwi dèn jêjêki | tinapuk jinagur ||

71. dèn lêlarak nangis anjrit-anjrit | sêsambat sang anom | adhuh ingsun patènana age | ajura [a...]

--- [f. 189r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 89 dari 105

[...jura] luluh ingsun andhêmi | ukumêna pati | tan gumingsir ingsun ||

72. iya nyata sun alambangsari | culika lah cêlor | Martayuda sugal pamuwuse | nora wurung sira sun patèni | sun lêlara dhingin | lêgane tiningsun ||

73. pan adangu dènnya nguncit-uncit | rema bodhol-bodhol | sang dyan kantu nèng siti anglèlèh | Martayuda mênêng aningali | awêlas ing ati | tinilar amujung ||

74. dangu kang turu sang dyah anglilir | pêpungun sang anom | myat ing kakungira maksih sare | dangu sang ayu pikir ing ati | sêmana umijil | aris lampahipun ||

75. kang sinambat-sambat anèng tangis | kang lunga ambolos | si dhêngkah larah ènthèng bobote | dening lunga nora angantèni | maleca ing jangji | tan mambu wong agung ||

76. lampahira kang sêdya apurik | pasanggrahan katong | tan adangu praptèng pakuwone | katur dhatêng pramèswari aji | yèn alambangsari | lawan putranipun ||

77. pramèswari gya ngaturi uning | ing raka sang katong | yèn kang putra acêlor lampahe | lan Ni Martayuda lambangsari | apurik mariki | pinala ing kakung ||

78. dupi myarsa

--- [f. 189v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 90 dari 105

angungun sang aji | angandika alon | timbalana Si Martayuda ge | parpat alit mintar mring wismaning | Ki Martayudèki | kapanggya aturu ||

79. gya ginugah Martayuda tangi | rabine tan katon | tinimbalan Ki Martayuda ge | kerid ing parpat alit wus prapti | pasanggrahan aji | majêng awotsantun ||

80. angandika arisri bupati | kulup putraningong | rabinira apurik marene | dening kirda lan Si Adipati | apuranirèki | kaki ingsun jaluk ||

81. lamun sira arsa sun lironi | wong wadon nom-anom | ing jro sira pilihana kabèh | sasênêngira nging aja dadi | atinira kaki | marang ing adhimu ||

82. kang sinung ling waspanira mijil | kamanisên ing rok | ing wacana dadya nir runtike | mring pangeran myang parang[97] kang swami | kamanisên ing sih- | ira sang aprabu ||

83. Martayuda matur awotsari | anuhun sih katong | abdi dalêm yèn kênia mulèh | kawula suhun ing paduka ji | ngandika sang aji | alah iya kulup ||

84. anging aja ta sira larani | iku wêkas ingong | kang sinung ujar atur sêmbahe | abdi [a...]

--- [f. 190r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 91 dari 105

[...bdi] dalêm tan nêdya angipi | nyakitana malih | sapindhah kaduwung ||

85. kaping kalih jrih timbalan aji | kang sampun dhumawoh | nata ngandikèng pramèswarine | lah wêdalna Si Martayudastri | iku dèn kon mulih | maring kakungipun ||

86. sori nata sigra amarani | kapanggih ing gandhok | Bok Martayuda ingundang age | marêk ingarsa dèn wêwarahi | lah muliha nini | dèn kon ing sang prabu ||

87. sang sinung ujar wiyang ing ati | sêmunyarsa mogok | ajrih i nata manêmbah lèngsèr | mulih kang lanang anèngarsa ji | wus tinundhung mulih | barênga rabimu ||

88. kang sinung ling sumungkêm ing siti | wusira wotsinom | mundur mulih parêng lan rabine | ingiringakên prapta ing jawi | akèh kang ningali | kasmaran ing kalbu ||

45. Asmaradana

1. nahan gantia winarni | Ki Tumênggung Jayaningrat | anèng Ungaran barise | sampun amiyarsa warta | yèn wadya Kartasura | kang anèng Dêmak kaburu | miwah ikang anèng Têgal ||

2. atanapi ikang baris | Kaliwungu wus kaplajar | milane alit manahe | mangkanarsa aputusan [aputu...]

--- [f. 190v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 92 dari 105

[...san] | mring nagari Sêmarang | wusnya têrang manahipun | arine ikang dinuta ||

3. aran Pusparuditèki | saha binêktanan surat | mangkat andarung lampahe | praptèng Sêmarang umarak | ing Panêmbahan Sampang | ingandikan surat katur | tinampan gya tinupiksa ||

4. kadhadha raosing tulis | panêmbahan agya seba | manjing pasanggrahan katong | katur agya ingandikan | sapraptanira ngarsa | manêmbah alon umatur | kawula atur uninga ||

5. pun Jayaningrat kang baris | Ngungaran akintun surat | dhatêng kawula dutane | kadangipun kang taruna | wasta Pusparudita | ungêling kintaki atur | pêjah gêsang ing narendra ||

6. nêdya ngabdi paduka ji | pun Tumênggung Jayaningrat | nanging wontên panuhune | nênggih dhusun ing Bahrawa | dening padhanging marga | pun Jayaningrat asaguh | sampun kawatir ing driya ||

7. miwah wadya Cina Bugis | binakta ngabdi paduka | tusthèng tyas nata dêlinge | lah iya ingsun tarima | panungkule nging ana | ewuhing tyas Bahrawèku | wus ingsun karya ubaya [uba...]

--- [f. 191r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 93 dari 105

[...ya] ||

8. lawan Ki Besanan[98] Sêmawis |[99] priye gèn sun maringêna | Suradimênggala ture | dhuh gusti pinaringêna | suwawi rinojonga | ing saatur-aturipun | pun Tumênggung Jayaningrat ||

9. pamrih kawula angabdi | tulusa asugih rewang | sang nata lêga driyane | ngandika mring panêmbahan | yayi mas ing Madura | caraka tundhungên gupuh | sadina mêngko mangkata ||

10. kon warah aja kawatir | Si Tumênggung Jayaningrat | sun rojongi saature | panêmbahan tur sandika | mundur prapta pondhokan | caraka nulya tinundhung | mangkat ganti kawarnaa ||

11. ing Kartasura nêgari | Sri Naranata Mêngkurat | sineba ing punggawandhèr | sakarine ikang lunga | pêpêk sami aseba | gêdhong kaparak akêpung | myang Apatih Sumabrata ||

12. ngandika sri narapati | mring Tumênggung Sumabrata | hèh bapa apa wartane | kang padha lumakya aprang | dening norana warta | kasore tanapi unggul | matur Patih Sumabrata ||

13. dèrèng campuh ing

--- [f. 191v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 94 dari 105

ajurit | pan taksih ajêng-ajêngan | kang abaris Ngungarane | pun Tumênggung Jayaningrat | taksih ajêng-ajêngan | lan wong Sampang Surèngkewuh | sang nata asru ngandika ||

14. alawas têmên sun anti | nuli kirimana layang | konên angrurah dèn age | panagara[100] ing Sêmarang | si paman dèn cêkêla | manêmbah Sumabratèku | lagya eca angandika ||

15. kasaru caraka prapti | dutane Mandurarêja | kasarêngan lan dutane | sira Pangeran Balitar | kalawan dutanira | Pangeran Surabayèku | katiga sarêng praptanya ||

16. katingalan ing sang aji | duta nulya ingandikan | prapta ngarsa awotsinom | hèh sira kinongkon apa | duta matur anêmbah | kawula anuhun bantu | abdi kasoran ing yuda ||

17. abdi paduka nêrpati | pun Arya Madurarêja | kang anèng Dêmak wus kasor | nagari Dêmak bêdhahnya | rame rinêbat ing prang | wadya Kartasura gêmpur | pra mantri kathah palastra ||

18. duta kang saking Tatêgil | tan pae samya turira | miwah ature dutane | Mangkuyuda Natayuda | katri tunggil aturnya | prasamya anuhun bantu | wagugên tyasnya narendra ||

--- [f. 192r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 95 dari 105

19. kabubuh kang lagya prapti | kang milu baris Ngungaran | wong Gandhèk jajênêng katong | awasta Mas Pangalasan | dadya tingaling nata | abdinira sang aprabu | panakawan alit mila ||

20. tanpa larapan umanjing | pura prapta ngarsa nata | manêmbah alon ature | patikbra atur uninga | dhatêng paduka nata | abdi paduka Tumênggung | Jayaningrat malih tingal ||

21. têluk dhumatêng Sêmawis | miwah wadya urut marga | samya kinaitan kabèh | binêkta nungkul Samarang | dening paman paduka | pangeran wus madêg ratu | anèng nagari Samarang ||

22. bisikanira narpati | Susuhnan Pakubuwana | Senapati Ngalagane | Ngabdurrahman Sayidina | Panata Ingagama | lawan wartine misuwur | arsa budhal saha wadya ||

23. saking nagari Samawis | anglurugi Kartasura | sampun rêmbug punggawane | arsa mêdal ing Ungaran | anjog ing Salatiga | badhe panganjuring ripu | wadyèng Sampang Surabaya ||

24. sang nata kagyat ing galih | miyarsa aturing wadya | sang nata sru andikane [andi...]

--- [f. 192v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 96 dari 105

[...kane] | Bapa Patih Sumabrata | sira ikang lungaa | ngirida wong Kartapurun | barisa ing Salatiga ||

25. sira mêpêtana margi | punggawa kang padha kalah | nuli timbalana kabèh | nunggala kalawan sira | Tumênggung Sumabrata | nêmbah sandika turipun | sang nata jêngkar ngadhatyan ||

26. wus mundur Rêkyana Patih | Sumrabrata magêlaran | nulya tangara kêndhang gong | gupuh wadya Kartasura | saos sagung nayaka | jaba tan ana kang kantun | kêrig tumut ing apatya ||

27. dening punggawa kang kari | ing praja rumêksèng nata | amung wadananing gêdhong | lawan wadana Kaparak | Apatih Sumabrata | wus budhal sawadya umung | myang sagung nayaka jaba ||

28. datan kawarna ing margi | sapraptaning Salatiga | Tumênggung Sumabrata ge | nimbali Mandurarêja | lan Pangeran Balitar | kang padha mêntas kaplayu | myang Pangeran Surabaya ||

29. punggawa katri wus prapti | ngumpul anèng Salatiga | mila saya gêng barise | punggawa ing Kartasura | Pangran Arya Mataram | baris anèng Bayawangsul | nindhihi para santana ||

30. nahan gantia kawarni [ka...]

--- [f. 193r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 97 dari 105

[...warni] | kang lagya abêbarisan | ikang winarnaa manèh | Susuhnan Pakubuwana | enjing miyosineba | ing wadyabala supênuh | andhèr anèngarsa nata ||

31. sagung punggawa pasisir | panêmbahan ing Madura | Dipati Surabayane | lawan Dipati Sêmarang | katri samya nèngarsa | Panêmbahan Madura tur | ing nata atur uninga ||

32. abdi dalêm angêmasi | pun Tumênggung Tirtanata | tinukup dalu pêjahe | dening pun Wabru ambêkta | baris ing Kartasura | ikang anama pun Wabru | sutane Răngga Lêlana ||

33. nging mangke taksih angabdi | ing narendra Kartasura | pun Tirtanata milane | kawula ikang parentah | mulih dhatêng Santênan | rumêksaa prajanipun | i Pathi dadosa kawal ||

34. gih pun Rangga Lêlanèki | sumiwèng paduka nata | datan alami dhatênge | sang nata sru angandika | ya Si Rangga Lêlana | yayi iku kênèng ukum | age sira sudukana ||

35. panêmbahan saur bêkti | agya angatag wong Sampang | Ki Răngga cinêkêl age | sinudukan wus palastra | murdanira tinigas | pinanjêr ing alun-alun | Samarang sri naradipa ||

--- [f. 193v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 98 dari 105

36. sêmana maksih tinangkil | anèng ing taratag rambat | kasaru wau dhatênge | atmral[101] saking Batawiyah | wus katur ing sang nata | tinimbalan maringayun | prapta majêng têtabean ||

37. Amral aturira aris | gusti kawula dinuta | ing jindral myang Rat Fêni kèh | kawula kinèn bantua | ing yuda jêng paduka | wong Kumpêni limang atus | punika kawula bêkta ||

38. lawan ature pun kaki | jendral dhumatêng paduka | pun Kênol kainggahake | dados komasaris bêsar | lan nagri ing Sêmarang | katanêman ran kumêndur | yèn wontên lilah narendra ||

39. dening Japara nagari | petor kewala jagaa | nanging taksiha lojine | lan pun Dipati Samarang | kênia tan aseba | yèn tan sarêng lan kumêndur | seba maring Kartasura ||

40. lawan aturipun malih | tulusa apasêndaran | kalawanata[102] ing têmbe | sintên ingkang ngalanana | sampun manggih raharja | angrojongi sang aprabu | ing saaturira Amral ||

41. anglêrêsi dina Kêmis | nata dènnya prajangjeyan | tanggal ping sanga likure | Jumadilakhir sasinya |

--- [f. 194r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 99 dari 105

nuju taun Jimawal |[103] Amral anênurat gupuh | akarya buk prajangjeyan ||

42. sigra atêngara bêdhil | ing loji mariyêmonya[104] | pating jalêgur swarane | sang nata ris angandika | yayi êmas Madura | undhangana pratiwa gung | padha dandana ing yuda ||

43. sakèh bupati pasisir | yayi padha timbalana | panêmbahan tur sêmbahe | abdi paduka narendra | sampun pêpêk sadaya | samya sanega ing pupuh | sang nata malih ngandika ||

44. padha undhangana yayi | sakèhing para dipatya | ing dina Soma sun bodhol | kabèh padha asaosa | sasikêping ayuda | ing Soma ingsun anglurug | amrêp praja Kartasura ||

45. panêmbahan atur bêkti | lan Dipati Surabaya | anuhun dukaning katong | yèn suwawia ing karsa | sampun paduka nata | nglampahi tindak ing pupuh | ecaa kasukan-sukan ||

46. anèng nagari Samawis | lan para putra sagraha | ikang nanggulang palugon | amunga dening kawula | lan pun kakang Jangrana | sampun sumêlang ing kalbu | bêdhahe ing Kartasura ||

--- [f. 194v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 100 dari 105

47. tan lêga rasaning ati | yèn dèrèng atamèng jaja | lan Nata Kartasurane | arsa kantarana asta | atakêra ludira | purun agêntia lawung | saking sakite ing driya ||

48. yèn kawula mênang jurit | bêdhah nagri Kartasura | nuntên ămba wangsul age | amondhongi jêng paduka | sang nata angandika | yayi mas tarima ingsun | sihira lan Si Jangrana ||

49. nadyan silih mati urip | wruha alang ujurira | kalih asaur sêmbahe | mangrêpa ciptaning nala | tan kawawa ngangsulna | ing sihira sang aprabu | prawara kalih mu[105] waspa ||

50. dangu sang nata tinangkil | jêngkar manjing pasanggrahan | kang sewaka luwar kabèh | tan kawarna solahira | prapta ing ari Soma | swarane umyang gumuruh | punggawa amêpak wadya ||

51. sagung nayaka pasisir | wusamya samamptèng yuda | warna-warna gêgamane | myang wong Sampang Surabaya | busananira obra | asawang prawata santun | risêdhêng wadya gambira ||

52. apadene wong Kumpêni | Walănda Bugis Makasar | samun[106] atata barise | Amral ikang anèngarsa | wusira nata wadya | atmral marêk ing sang prabu | mangsuk ing jro pasanggrahan ||

53. gya

--- [f. 195r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 101 dari 105

budhal sri narapati | saking nagari Samarang | sinangkalan duk angkate | trus pêksa angoyag raja |[107] gêgamane sang nata | alangên lamun dinulu | lir pindah yangyanging surat ||

54. sumrêg kang bala lumaris | budhale saking Samarang | asri tinon gêgamane | akèh warnane kang bala | wong sabrang lan wong Jawa | swarane atri gumuruh | kadya ombaking sêmodra ||

55. tuhu yèn prabu di lêwih | têrahing ratu kusuma | putra Nayagănda kaot | jumênêng satitahing Hyang | atilar purantara | nglêlana andon prang pupuh | anglurugi Kartasura ||

56. bisikanira nêrpati | Susuhnan Pakubuwana | pratignya pêkik warnane | kèdhêp ing wadyambêk santa | bodya sih ing pratiwa | nitih kuda Gulagêmpung | binusanan obra muncar ||

57. atata lampahing baris | kang dadi pangawat kiwa | Dipati Surabayane | têngên Panêmbahan Sampang | dening kang dadi dhadha | Amral têtindhihing kewuh | wadya Kumpêni sadaya ||

58. dening kang lumaku wuri | wadya pasisir sadaya | kang garêbêg ing sang katong | punggawa ing Kartasura | Apatih Cakrajaya | tansah

--- [f. 195v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 102 dari 105

lumampah ing pungkur | rumêksa para gêrwendra ||

59. datan kawarna ing margi | praptèng Ungaran wus manggya | pasanggrahan jêng sang katong | pratiwa samya akarya | pondhok wadya malatar | dening kang wadya pangayun | barise anèng Logêtar ||

60. kawarnaa komasaris | arêmbagan lawan Amral | dawêg aseba ing katong | yèn sêpi para punggawa | pukul satêngah lima | dawêg sami anênuhun | ing gusti sri naranata ||

61. yèn ana pun Adipati | Samarang măngsa angsala | Amral aris ing wuwuse | iya bênêr mayo agya | seba mring pasanggrahan | parêng mangkat samya mangsuk | komasaris lawan Amral ||

62. punggawa anuju sêpi | myang Adipati Sêmarang | wus padha mulèh mring pondhok | sang nata kapanggih lênggah | Amral tumamèng ngarsa | manthuk ngêmpit topinipun | atur tabe ing narendra ||

63. aturira amrih singgih | pukulun pun bapa Amral | nglampahi karyaning katong | tinuduh ing tuwan jendral | nadyan dhatênga pêjah | tan gumingsir milang tatu | anèng madyaning palagan ||

64. lêbura awor pratiwi | wadya Kumpêni sadaya | tanêdya tilar ing

--- [f. 196r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 103 dari 105

katong | nanging panuhun kawula | wontêna sih paduka | dhatêng kawula pukulun | sintên kawularsa-arsa ||

65. Kumpêni nèng tanah Jawi | yèn dedea jêng paduka | panuhun ămba ing katong | yèn lêga galih narendra | Kumpêni nuhun têdha | nênggih uwos kathahipun | sèwu koyan sabên warsa ||

66. dadosa têdhèng Kumpêni | kang jaga dhatêng paduka | sangêt pangajêng-ajênge | abdi Kumpêni sadaya | tan lyan asih ing nata | èmêng tyasira sang prabu | tan angling manthuk kewala ||

67. Amral agya anênulis | ngaturi surat pratăndha | yèn sampun sagah sang katong | saaturira katrima | sigra urmat sanjata | sinapan muni gumuruh | êdrèle ambal ping tiga ||

68. kagèt kang para dipati | myarsa drèl ambal-ambalan | anarka yèn ana gawe | sigra-sigra sami seba | wadya gung asawega | Amral atur pamit mêtu | mulih maring pondhokira ||

69. sagung dipati umanjing | pasanggrahan prapta ngarsa | nata ris pangandikane | maring Dipati Samarang | hèh Ki Besan si Amral | mau aseba maring sun | lan Si Kênol ing Sêmarang [Sêma...]

--- [f. 196v] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 104 dari 105

[...rang] ||

70. tinutur saaturnya nting | gagêtun Ki Adipatya | Suradimênggala ture | mila jêng paduka nata | tanimbali[108] kawula | yèn wontêna ămba wau | kadya botên kalampahan ||

71. anênuhun paduka ji | inggih Kumpêni punika | sakalangkung naracake | yèn rinojongan aturnya | saya-saya anglanjak | sang nata angling angungun | sapuluh-puluh Ki Besan ||

72. apa kang cinatur maning | ujar kang uwis kaliwat | hèh Ki Besan besuk manèh | Ki Besan ngati-atia | nata wus masanggrahan | nahan gantia winuwus | Ki Apatih Sumabrata ||

73. wus kandêl dènnya bêbiting | baris anèng Salatiga | wus ajêmbar lêlarène | gêgamanira asinang | Kalicacing malatar | jagang bitingira ngungul | baluwartine malatar ||

74. sanjata samya rinaki[109] | pinasang anèng palatar | wusamya mirsa wartine | ywan sang nata sampun budhal | saking nagri Sêmarang | saha wadya punggawa gung | masanggrahan nèng Ungaran ||

75. akanthi bala Kumpêni | gya Apatih Sumabrata | angundhangi punggawa kèh | samya sawega ngayuda | tinata barisira | Mandurarêja umatur | ing patya

--- [f. 197r] ---

Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45): Citra 105 dari 105

lamun sêmbada ||

76. dawêg mêdal saking biting | ki apatih nora rêmbag | kêdah mêmpên ing jro bae | amung panganjuring aprang | mêtua yèn kasoran | ing prang ngungsia malêbu | lan sanak-sanak manira ||

77. kabèh padha ngantêp jurit | kautamaning wong priya | kang mati aprang ing têmbe | ngakherat amanggih swarga | ja na tinggal galanggang | sadaya asaur manuk | tanêdya mungkur ing yuda ||

 


Ngenta-enta (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 131.18.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 232.23.1). (kembali)
mratelakkên. (kembali)
apan nurbuwating. (kembali)
tan nêdya (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 131.23.3). (kembali)
Bandingkan: Ngenta-enta (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 131.26.7; Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 14.28.7). (kembali)
Terdapat dua sandangan: sirèku atau sèrèku. (kembali)
atajin. (kembali)
amimbuhi. (kembali)
Mataram majêng. (kembali)
10 madêg. (kembali)
11 dawêg gumingsir. (kembali)
12 ikang ngusir. (kembali)
13 ngilèn nabrang. (kembali)
14 nèng ngarsane (dan di tempat lain). (kembali)
15 kang ngadêg (dan di tempat lain). Bandingkan: kang madêg (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.100.10). (kembali)
16 glis saure. Bandingkan: lon saure (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.107.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 134.9.3). (kembali)
17 kang ngutus. Bandingkan: kang ingutus (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.109.4); kang angutus (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 134.11.4). (kembali)
18 Variasi: waruju (dan di tempat lain). (kembali)
19 agêlis sayahe. (kembali)
20 Jayaningrat Tumênggung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.137.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 134.45.4). (kembali)
21 maring ngarsa. (kembali)
22 tuwin. Bandingkan: miwah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.141.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 134.49.4). (kembali)
23 ingandhêg gupuh. Bandingkan: ingandhêg sampun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.143.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 134.51.4). (kembali)
24 anjujug. (kembali)
25 srimangantine. (kembali)
26 kaparèng ngarsi. Bandingkan: kêparèng ngarsi (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 21.1.2); kaparèng ngapti (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 135.1.2). (kembali)
27 dahat tan. (kembali)
28 gundhik kewala (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 21.9.1; ; 1016, Pupuh 135.8.1). Bandingkan: sêlir kewala (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 2.39.1). (kembali)
29 ing ngriki (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 21.9.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 135.8.4). (kembali)
30 mêdal lajêng. (kembali)
31 Bandingkan: sinêlir (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 135.21.2;Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 21.24.2); ngatyati (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 239.18.2). (kembali)
32 rat tanah (dan di tempat lain). (kembali)
33 bêronjongi (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 21.32.2). Bandingkan: baronjongi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 239.24.2). (kembali)
34 asikêp pêdhang. (kembali)
35 gugup polahira. Bandingkan: gugup solahira (Pengetan Radya Pustaka Surakarta, Radya Pustaka, Pupuh 136.14.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 240.14.1). (kembali)
36 pangeran nèng. Bandingkan: pangeran anèng (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 240.25.7). (kembali)
37 angrêbut tanah (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 24.1.10; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.1.10). (kembali)
38 panggya. Bandingkan: panggih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.6.2). (kembali)
39 maryêm muni. (kembali)
40 mas sagunung. (kembali)
41 Tanggal: naga pêksa ngrasa wani (AJ 1628). Tahun AJ 1628 jatuh antara tanggal Masehi: 6 Mei 1704 sampai dengan 25 April 1705. Bandingkan: naga kalih mayang jalmi (AJ 1628) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.10.9). Sangkala ini mengacu pada tibanya Pangeran Puger di Semarang dan diterimanya ia secara resmi oleh pihak VOC, menjelang dimulainya perebutan tahta. (kembali)
42 winaos sinuksmèng. (kembali)
43 palnggah. (kembali)
44 kakang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.29.1; Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 26.21.1). (kembali)
45 ambalik karsanira. (kembali)
46 mêntas saking. (kembali)
47 kaèbêkan nêgari (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 26.24.1). Bandingkan: kaèbêkan nagara (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.32.1). (kembali)
48 prajurit tigang. (kembali)
49 praptèng (dan di tempat lain). (kembali)
50 tinuding (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.36.1; Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 26.28.1). (kembali)
51 wontên nagri. (kembali)
52 Kênol lan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.36.7; Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 26.28.7). (kembali)
53 angling. (kembali)
54 Bandingkan: duk Mataram aprang lan Wêlănda (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.41.2). (kembali)
55 kon nulungi. (kembali)
56 Bandingkan: dènnyarsa umadêg rajèng (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.43.3; Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 26.2.3). (kembali)
57 awak Kumpêni (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 26.2.5). (kembali)
58 andhahar (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.43.6). (kembali)
59 tan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.45.7; Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 26.4.7). (kembali)
60 Bandingkan: êm (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.47.1). (kembali)
61 nupiksa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.47.10). (kembali)
62 Kurang satu suku kata. Bandingkan: lawan jendral kintun warni-warni (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.50.1). (kembali)
63 Kurang satu suku kata: datan winarna lampahe. Bandingkan: datan kawarna lampahe (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.54.3). (kembali)
64 surat tan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 137.54.10). (kembali)
65 angaras suku. (kembali)
66 anèng ngajêngan. (kembali)
67 wus sumiwi. (kembali)
68 tuwin. (kembali)
69 ăndrawina (dan di tempat lain). (kembali)
70 pêpêk kang. (kembali)
71 kêkasih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 139.4.4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 246.16.4). (kembali)
72 Lebih satu suku kata: lan Si Jiwasutèki. Bandingkan: lan Si Sutajayèki (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 246.17.5); Jiwasuta lan malih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 139.5.5). (kembali)
73 kêdhik kang (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 139.10.7). (kembali)
74 tutug gènira. (kembali)
75 Panji. (kembali)
76 anggitik kang. (kembali)
77 ikang ngêmasi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
78 mêdal lautan (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 127.3.4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 248.3.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 140.3.4). (kembali)
79 Tanggal: trus pêksa ngrasa wani (AJ 1629). Tahun AJ 1629 jatuh antara tanggal Masehi: 26 April 1705 sampai dengan 14 April 1706. Lihat juga: lawang kalih narêngi apan tugil (AJ 1629) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 140.17.2–3); lawang kêkalih karêngya ing janma (AJ 1629) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 126.38.5–6). Sangkala ini mengacu pada jatuhnya kota Demak dan keberlanjutan konflik militer antara pasukan Kartasura dan koalisi Madura-Surabaya, dalam masa pergantian kekuasaan kerajaan. (kembali)
80 Wijil lan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 127.19.1). Bandingkan: Wujil lan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 248.22.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 140.19.1). (kembali)
81 bêdhil lir (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 127.27.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 140.26.4). (kembali)
82 numbaka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 127.29.5). (kembali)
83 saking ngiringan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 140.31.6). (kembali)
84 lolos saanak. (kembali)
85 tundhuk kang. (kembali)
86 kang ngêlar (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 127.43.3). (kembali)
87 akasukan nèng. (kembali)
88 tandhingnya. Bandingkan: tandhingira (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 141.7.5). (kembali)
89 runtoh. (kembali)
90 kasêmêkan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 141.14.3). (kembali)
91 mêrêm mêlik. (kembali)
92 sinangsayèng (dan di tempat lain). (kembali)
93 janji. (kembali)
94 duk kapan. (kembali)
95 sinarèkkên. (kembali)
96 Kurang satu suku kata. Bandingkan: katurunan jawuh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 141.62.6). (kembali)
97 para. (kembali)
98 Besan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 142.9.1; Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 37.7.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 129.9.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 252.9.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 1.9.1). (kembali)
99 Lebih satu suku kata. Bandingkan: lawan Ki Besan Samawis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 129.9.1); lawan Si Besan Sêmawis (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 142.9.1); maring Ki Besan Sêmawis (Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), Pupuh 37.7.1); marang Ki Besan Sêmawis (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 252.9.1); marang Ki Besan Samawis (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 1.9.1). (kembali)
100 pan nagara. (kembali)
101 Amral (dan di tempat lain). (kembali)
102 kalawan nata. (kembali)
103 Tanggal: Kêmis sanga likur (29) Jumadilakir Jimawal: [AJ 1629]. Tanggal Masehi: Jumat 9 Oktober 1705. Perbedaan satu hari (Kêmis versus Jumat) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. Lihat juga: Kêmis 29 Jumadelakir Jimawal: [AJ 1629] (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 142.42.1–5); Kêmis 29 Rabingulakir [sic.] Jimawal (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 129.76.1–5). Tanggal ini mengacu pada pernyataan resmi perang (prajangjeyan) oleh sang raja dan penyusunan strategi militer bersama pihak VOC untuk menyerang Kartasura. (kembali)
104 mariyêm munya. (kembali)
105 smu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 142.51.7). (kembali)
106 sampun. (kembali)
107 Tanggal: trus pêksa angoyag raja (AJ 1629). Tahun AJ 1629 jatuh antara tanggal Masehi: 26 April 1705 sampai dengan 14 April 1706. Lihat juga: gapura kalih kawayang jalma (AJ 1629) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 142.55.4–5). Sangkala ini mengacu pada keberangkatan resmi sang raja dari Semarang untuk memulai penyerangan terhadap Kartasura. (kembali)
108 tan nimbali (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 142.72.5). (kembali)
109 rinakit (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 142.76.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 129.110.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 1.77.1). (kembali)