Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 46–49)
1. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
2. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 13–21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
3. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 22–34). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
4. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
5. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 46–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
6. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 50–59). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 197r lanjutan] ---
46. Pangkur
1. Ki Apatih Sumabrata | wusamapta arsa ngantêp ing jurit | sanjata pinasang dhuwur | baluwarti Ki Arya | Banyakwidhe ikang kinarya panganjur- | ing yuda lawan Pangeran | Balitar malih akanthi ||
2. pangeran ing Surabaya | pratiwa tri kinèn mapag ing jurit | mangkat saha wadyanipun | nahan ganti kawarna | Susuhunan Pakubuwana winuwus | kang masanggrahan Ngungaran | amung asipêng sawêngi ||
3. enjing nulya atêngara | bêndhe bèri tambur lan Carabali | wadya sawega anggêrgut | sang nata angandika | adhi êmas Sampang sapa ikang patut | dadi cucuking ayuda | panêmbahan atur bêkti ||
4. sutamba ikang prayoga | gih pun Suradiningrat kang angirid | gêgaman Madura sèwu | sadaya
--- [f. 197v] ---
pêpilihan | akanthia pun Arya Japuspitèku | lan pun Panji Surèngrana | tri samya prawirèng jurit ||
5. sang nata aris ngandika | hèh sutèngsun Suradiningrat kaki | lan Si Jayapuspitèku | Si Panji Surèngrana | wong tatêlu padha ingsun karya cucuk- | ing yuda wawêkas ingwang | yèn kasoran ing ajurit ||
6. kulup sira undurana | angungsia gêgaman ikang buri | aja sira soroh amuk | nadyan ambêka pêjah | sun tan arsa kari barênga lan ingsun | kabèh sanak-sanak ingwang | kang padha asih ing kami ||
7. satriya tri sarêng myarsa | andika ji samya kakênan ing sih | parêng anungkêmi suku | tangi matur anêmbah | lêhêng abdi paduka pêjaha ngripu | kasêdya ajur ing rana | sinuhun tulusa mukti ||
8. amêngku ratanah Jawa | nata awlas miyat ing satriya tri | janggane samya rinangkul | dhuh kulup sutaningwang | iya padha sun tarima sihirèku | lah uwis padha mangkata | katri parêng awotsari ||
9. nulya budhal saha wadya | satriya tri lintang gambirèng ati | gêgaman buri sumambung | Amral kang dadi dhadha | Panêmbahan Madura pangawatipun | asisih Ki Adipatya | Jangrana ing Surawèsthi ||
10. sang nata [na...]
--- [f. 198r] ---
[...ta] anulya budhal | ginarêbêg ing punggawa pasisir | nitih kuda Gulagêmpung | busana sarya muncar | wadya sura tan adoh lan gustinipun | marakit prayêtnèng baya | angèsthi parêngêmasi[1] ||
11. wadyèng Sampang Surabaya | sèwu ngapit-apit ing sri bupati | tan milu mring gustinipun | samya rumêksèng nata | wong pasisir sadaya ikang sumambung | kasambungan ing apatya | rumêksèng para gêrwa ji ||
12. umyang swaraning gamêlan | asri tinon katăndha tunggul asri | sumrêg kêrbêting[2] lêlayu | katêmpuh ing pawana | kang daludag bul-umbul kadya kêkuwung | gumêrgutandanging[3] wadya | kawarna cucuking jurit ||
13. Rahadèn Suradiningrat | Arya Jayapuspita lan Ki Panji | wus panggih padha panganjur | rame campuhing yuda | lawan Arya Banyakwidhe kanthinipun | sira Pangeran Balitar | lan Pangeran Surawèsthi ||
14. arame sêrang-sinêrang | satriya tri agya nangsah ngawaki | kang katrajang mawut-mawut | akèh mantri kang brana | têtunggule Pangran Balitar kaplayu | ngungsi jroning pabitingan | atur uninga ing patih ||
15. yèn mungsuh agêng kang prapta | Sumabrata [Sumabra...]
--- [f. 198v] ---
[...ta] akèn têngara bèri | bêndhe tinitir abarung | kêndhang gong asauran | wadya rakit samapta prayêtnèng kewuh | sagung wadya Kartasura | punggawarsa ngantêp jurit ||
16. Saragni wusamya minggah | ing palatar pasang mariyêm bêdhil | playangan kalantaka wus | rakit anèng palatar | sigra Radèn Suradiningrat kang rawuh | lan Arya Jayapuspita | sawadya miwah Ki Panji ||
17. Lamongan sarêng tumingal | yèn wong Kartasura wus abêbiting | tanpa wilangan wongipun | Arya Jayapuspita | asru angling mandhêga wong Surèngkewuh | iku dudu bobotira | aja ge angrangsang biting ||
18. ngantèni kang anèng wuntat | gaman gêdhe Amral lawan sang aji | Panji Surèngrana muwus | sampun kakehan akal | nadyan akèh wong Kartasura sun purun | dika nèng wuri kewala | mangke sun cacake dhingin ||
19. mungsuh puniki akathah | yèn tinimbang maksih kèh sihing aji | kang sampun samya dhumawuh | mèsêm Jayapuspita | Radèn Suradiningrat nambungi wuwus | alêrês kang Surèngrana | sigra angatag prajurit ||
20. wadya Madura sumahab | atanapi wadya ing Surawèsthi | golong [go...]
--- [f. 199r] ---
[...long] masah[4] parêng anduk | sigra wong Kartasura | pasang maryêm swarane lir prawata rug | kalantaka palayangan | sinapan sadaya muni ||
21. pêtêng kukusing sundawa | wadyèng Sampang Surabaya tan gingsir | binendrong bêdhil apêngkuh | nusup ing kukusamya[5] | ngrampid jagang binendrong bêdhil tan mundur | malumpat ing larèn jêmbar | angrangsang kang baluwarti ||
22. kawarnaa sri narendra | anèng wuri myarsa têngara atri | bêdhil lir prawata rubuh | surak ambal-ambalan | graita ji anarka yèn sampun campuh | ing yuda ikang pangarsa | marma ing tyasira aji ||
23. ginêlêk lampahing bala | wong Kumpêni andukap[6] Kalicacing | kandhêg nata barisipun | wong Sampang Surabaya | kang pangarsa katingalan ing sang prabu | gènira campuh ayuda | yèn samya angrangsang biting ||
24. wadya Kartasura panggah | ambêdhili saking luhuring biting | wong Sampang akathah tatu | miwah wong Surabaya | Panji Surèngrana kagyat duk andulu | ing wadya akathah rusak | bramatyanira tan sipi ||
25. sigra mudhun saking kuda | Radèn Suradiningrat datan kari | myang Arya Japuspitèku [Japuspitè...]
--- [f. 199v] ---
[...ku] | sarêng mangsah ing rana | asru mojar lah payo aja na mundur | wong Surabaya dèn agya | bubrahên kang baluwarti ||
26. sumahab samya uminggah | baluwarti sakèh wong Surawèsthi | samya arambatan lawung | munggah biting palatar | wong ing Kartasura kalangkung apêngkuh | arame arêbut jagang | silih watang mati bêdhil ||
27. tarung watang myang curiga | rame dêdêl-dinêdêl rêbut biting | ya ta wau sang aprabu | arsa ngawaki yuda | awlas mulat ing wadya gènira campuh | wong Madura surabaya | kangelan arêbut biting ||
28. kawratan kakehan mêngsah | naradipa agya mêpak kang abdi | Pakubuwanan tap ngayun | Apatih Cakrajaya | saos karya lan Wirancanane ngayun | Wirasantika kalawan | Citrasoma ling sang aji ||
29. hèh Subah ingsun atanya | kakangamu Si Mail ana ngêndi | kang tinanya nêmbah matur | abdi dalêm pun kakang | dawêg sakit kudhisên bêdhil ing suku | sangêtan[7] sagêd lumampah | sang nata gagêtun angling ||
30. pinansthi karsaning Suksma | têka adoh daulate Si Mail | tan bisa dadi tumênggung | Apatih Cakrajaya | nêmbah nulya nata
--- [f. 200r] ---
wadya rêbat ngayun | natarsa ngawaki yuda | èsthining driya nêrpati ||
31. lamun kasor ing ayuda | suka seda ing rana tan gumingsir | anêdya parênga lêbur | sagêrwa putra wadya | Ki Palèrèd pinusthi ing asta prabu | myang dhuwung Ki Mesanular | cinothe têdhak sang aji ||
32. wadyèng Sampang Surabaya | kang rumêksa myat natarsa ngawaki | gya mangsah ngrana tumanduk | anglancangi tandangya | rêbut dhingin tan etang ing patinipun | anunjang mangrurah jagang | wusamya minggah ing biting ||
33. tanapi Amral Safilman | mangsah ing prang angabani Kumpêni | upêsir sarêng anêmpuh | panggah wong Kartasura | Sumabrata nindhihi wadya nèng pungkur | lan Arya Mandurarêja | samya lênggah dèn payungi ||
34. sirarya Jayapuspita | saha wadya wus manjing jroning biting | lan Panji Surèngranèku | Radèn Suradiningrat | wadya parêng mudhun saking biting ngamuk | wus liwung anêdya pêjah | ki patih awas ningali ||
35. yèn wong Sampang Surabaya | wus akathah kang manjing jroning biting | sru duka mring pratiwa nung | ngadêg nrêgakên wadya | parêng mangsah pra mantri ngawaki
--- [f. 200v] ---
nêmpuh | prajurit Pakubuwanan | apanggah datan gumingsir ||
36. rame campuhing ayuda | gênti lawung wanèh agênti kêris | ana kang gêbuginêbug[8] | sinapan kalantaka | wong Madura Surabaya tandangipun | lir singa ngêlih mamăngsa | tan wangwang warastra lungid ||
37. rusak wadya Kartasura | Arya Jayapuspita lan Ki Panji | ngamuk nêngah ambêk lampus | sarira lir sinêkar | kasêmbur ing ludira awuru marus | prajurit ing Kartasura | pira-pira kangêmasi ||
38. swarane kadya ampuhan | sêsambating kanin myang kangêmasi | wangke wor susun atimbun | wong Sampang Surabaya | akèh mati nanging nora pinalaur | ingidak ing rewangira | rêbut mungsuhira giris ||
39. miwah kang dadi pangawat | panêmbahan angobongi ing Tingkir | myang Dipati Surèngkewuh | angawêt barisira | Ki Apatih Sumabrata was andulu | yèn liningkung kèri kanan | sigra angingêr turanggi ||
40. sakèhing punggawa mulat | yèn Apatih Sumabrata wus lari | dadya buyar rêbut dhucung | wadya lit asasaran | rêbut urip tunjang-tinunjang lumayu | wong Sampang [Sam...]
--- [f. 201r] ---
[...pang] surak gumêrah | kadya karêngèng wiyati ||
41. sinusulan ing sanjatan- | ing Kumpêni saya gugup kang lari | nahan gantia winuwus | sagung para santana | kang abaris tugur anèng ing Balêdug | Pangeran Arya Mataram | ikang dadi senapati ||
42. inguni wus prajangjeyan | lan kang putra pangeran sagah wani | ananggulang yudanipun | kang raka mila nata | mring kang paman kathah êbang-êbangipun | yèn tulus mênang ing yuda | Pangeran Arya Matawis ||
43. ginadhang lênggah salêksa | ing sang nata pan sampun aprajangji | sinung bang-bang alum-alum | dhêdhak mêranging Jawa | kasrah dhatêng kang paman mila asaguh | nanggulang prang gêng kang manah | Pangeran Arya Matawis ||
44. gêgamanira malatar | pra santana sadaya dèn tindhihi | lagya eca gunêm catur | kasaru ikang prapta | Patih Sumabrata kang mêntas kaplayu | wadya lit gègèr wurahan | katunjang playuning patih ||
45. tinarka mungsuh kang prapta | Ki Tumênggung Sumabrata Apatih | lawan pangeran ancundhuk | pangran aris têtanya | kadyaparan wartine patih umatur |
--- [f. 201v] ---
anggèr tiwas ing ayuda | kawon lan wong Surawèsthi ||
46. Madura lawan pun Amral | kang dèn kanthi ing raka paduka ji | bala sabrang kathah tumut | Ambon Bugis Makasar | lir wênara wong Madura tandangipun | biting pinènèk rinangsang | tan mundur sinipat bêdhil ||
47. nênggih kadange Jangrana | kalih samya dadya tindhihing jurit | satunggal tanayanipun | Dipati Cakraningrat | katri samya mènèk ing biting angamuk | tan ana pasah ing braja | atêguh prawira wani ||
48. datan kêni sinawawa | tandangipun kadi wong naur sêngit | pasisir sadaya kêmput | wadya tanpa wilangan | Pangran Arya Mataram miyarsa atur- | ing patya angrês ing driya | dadya ngandika tanya ris ||
49. pintên baturing kang pêjah | matur tusan kang mati agêng alit | mungsuh kathah ikang lampus | kasaru têlik prapta | Wiragati wastane marêk ingayun | pangeran aris atanya | kayapa lakumu nêlik ||
50. matur ing lampah kawula | andombani ing raka paduka ji | lampahipun [lampah...]
--- [f. 202r] ---
[...ipun] lagya rawuh | makuwon Salatiga | saha wadya pasisir sadaya tumut | panêmbahan ing Madura | pamugarining ajurit ||
51. lawan Dipati Jangrana | Surabaya sinung juluk dipati | kalih dadya agul-agul | kadhahar saaturnya | pun Jangrana abêbala tigang èwu | kang badhe atalang pêjah | tigang èwu wong sinêlir ||
52. miwah Panêmbahan Sampang | pan ambêta tigang èwu prajurit | pêpilihan badhe pamut | samya Dinulangmangap | wong Kumpêni awatawis kalih èwu | kalêbêt Bugis Makasar | Ambon Sêmbawa lan Bali ||
53. dening karsaning narendra | yèn tan bêdhah ing Kartasura nagri | tan arsa dandan amundur | sampun gilig ing rêmbag | panêmbahan lan Dipati Surèngkewuh | myang para putra sadaya | nêdya lêbur mati jurit ||
54. sang nata sampun anderah | nêdya rêmpon ing yuda lawan dasih | yèn kasor tan arsa mundur | suka seda ing rana | Pangran Arya Mataramiyarsa[9] atur | angênêsadalêming[10] tyas | Patih Sumabrata amit ||
55. mulih maring Kartasura | pra punggawa sadaya tumut mulih | ya ta kawarna kang kantun [ka...]
--- [f. 202v] ---
[...ntun] | Pangran Arya Mataram | duk sêmana kasupèn ing jangjinipun | lan putranira sang nata | saking ngênêse ing galih ||
56. angunadika[11] ing driya | angur ingsun gaweya bêcik dhingin | maring kakang sang aprabu | sigra nimbali wadya | kang karakêt Wăngsamênggala ranipun | prapta ngarsa binisikan | dinuta wus winawêling ||
57. manêmbah duta umêsat | tan kawarna ing Salatiga prapti | panêmbahan kang jinujug | katur gya tinimbalan | prapta ngarsa sawawêlingira katur | panêmbahan tusthèng driya | caraka ginawa nangkil ||
58. kawarnaa sang sineba | anèng ngarsa Cakrajaya Apatih | Sujanapura Tumênggung | Wirancana kalawan | Citrasoma Wirasantika nèngayun[12] | Jangrana Dipati Sura- | adimênggala Sêmawis ||
59. angandika sang sineba | hèh Ki Besan Sêmarang duk ajurit | wong Madura Surèngkewuh | ingsun nyana kasoran | duk arêbut biting kasora ing ripu | sun arsa ngawaki yuda | Jayapuspita tur bêkti ||
60. abdi dalêm Surabaya | samun[13] olih karoban ing ajurit | nuntên amba mangsah ngamuk | lan pun adhi Apanjya [Apa...]
--- [f. 203r] ---
[...njya] | tuwin Radèn Suradiningrat angamuk | wong tiga samyambêk pêjah | anyêrang malêbèng biting ||
61. nuntên abdi samadaya | purun mangsah angamuk ngrangsang biting | mêngsah nadhahi apêngkuh | malah caruk curiga | kuwêl ing prang abdi dalêm kathah tatu | wong Kartasura kèh pêjah | gugup praptaning Kumpêni ||
62. sang nata suka miyarsa | satriya tri nulya ginanjar kêris | myang busana nêmbah nuhun | kang samya kaparingan | panêmbahan prapta ngarsa nêmbah matur | ari paduka narendra | Pengeran Arya Matawis ||
63. putusan dhatêng kawula | gih punika dutamba bêkta nangkil | sang nata aris andangu | hèh ya kinongkon apa | mring si adhi duta manêmbah umatur | pukulun arita[14] narpa | ngaturakên sêmbah bêkti ||
64. lawan atur pêjah gêsang | ri paduka anêdya aprang lamis | ing batin mujud anungkul | dhumatêng padukendra | dening padhang ing marga arinta sanggup | sampun kawatir ing driya | ikang mêngakakên margi ||
65. inggih ari padukendra | ikang sagah tusthèng tyas sri bupati | gumujêng ngandika arum | yèn mêngkono [mêngko...]
--- [f. 203v] ---
[...no] adhimas | wurung gènnya arsa ngayoni maringsun | hèh duta sira muliha | matura gustinira ri ||
66. iya luwih aprayoga | yèn anêdya tundhuk têmên ing kami | sun tarima ariningsun | eling têluk maringwang | duta nêmbah mintar tan kawarnèng ênu | pêndhak enjingira budhal | sang nata saha wadya tri ||
67. tan owah lampahing bala | munggèng dhadha sagung wadya Kumpêni | mugèngarsane[15] sang prabu | ikang anèng pangawat | panêmbahan lan Dipati Surèngkewuh | pangarsa tanayèng Sampang | lan pra kadang Surawèsthi ||
68. nahan gantia kawarna | Pangran Arya Mataram ingkang baris | atugur anèng Balêdug | barisira tinata | anèng Kênthèng wong Sampang prapta anêmpuh | tanapi wong Surabaya | tandangya lir sima ngêlih ||
69. dhadhal wadya Kartasura | senapatinira lumayu dhingin | wadya lit pating balulung | mawur samya sasaran | akèh ikang buwang bêdhil mutung lawung | binêrêg dening Sampang |[16] wong Surabaya angusir ||
70. ya ta wau kawarnaa | Ki Tumênggung Wiraguna bêbiting | anèngasêm[17] baris tugur | baluwarti malatar |
--- [f. 204r] ---
Susuhunan Mangkurat Mas karsanipun | ing Ngasêm gènnyarsa mapag | ing prang karsanira aji ||
71. ararêmpon jroning kitha | anggêganjar wong kadipatèn lami | pirang-pirang dunya mêtu | wrata wadya gambira | baris anèng păncaniti bra dinulu | busana awarna-warna | sêdhêng sanggupe bèr ing sih ||
72. kang samya dèn arsa-arsa | Pangran Arya Mataram ikang dadi | senapatining apupuh | mugi lananga ing prang | ikang sanggup arêbut jodhining pupuh | nanggulang wong Surabaya | myang Sampang asanggup wani ||
73. milane ingambil besan | ing sang nata sumungkêma ing galih | milane putri sang prabu | pinanggihakên lawan | putra Mataraman nênggih wastanipun | Rahadèn Suryataruna | panggih lan Dyan Ayu Sasi ||
74. radèn ayu krama paman | sih-sinihan tan winarna duk panggih | mila piyandêl sang prabu | măngsa nora awrata | mring atmaja tinimbang lawan sadulur | sayêkti awratanaya[18] | lanata[19] agung ikang sih ||
75. mring paman Pangeran Arya | Mataram ingkang sinung prakawis |[20] sakèhing wong Kartapurun | datan nyana ing driya | Pangran Arya Mataramiring[21] ing kalbu [ka...]
--- [f. 204v] ---
[...lbu] | lagyeca anata wadya | kasaru praptaning mantri ||
76. ikang sami kapalajar | myang santana lumajêng anut margi | anunjang barisan agung | samya manjing jro praja | pati-pati bêntusi palajêngipun | Pangeran Arya Mataram | prapta Ngasêm asru angling ||
77. hèh kabèh wong Kartasura | abubara aja na pacak baris | sapa rewange gustimu | kindhang ingsun tan kêlar | anadhahi mungsuh Sampang Surèngkewuh | rêbutên narpatinira | manawa kêkêl ing puri ||
78. gya Tumênggung Wiraguna | ngingêr kuda anandêr malbèng puri | wadya gung samya kalulun | ing lingira Pangeran | Mataram gya prapta manjing jro kadhatun | panggih lan sang narpasuta | pangeran têbah jaja ngling ||
79. dhuh anak prabu pun bapa | katiwasan kasoran ing ajurit | abdi dalêm akèh lampus | mêngsah dede sêsanggan | rewang kêdhik sasat karêbahan gunung | mêngsah alêksan awêndran | milane datan kawawi ||
80. dawêg sampun kalayatan | dipun inggal gumingsir saking puri | sadintên mangke nak prabu | bilih kaplak [ka...]
--- [f. 205r] ---
[...plak] ing mêngsah | watawise sadintên mangke kang mungsuh | praptane tanpa wilangan | wong sabrang awarni-wani ||
81. awêndran rama paduka | sampun supe darbe putra ing gusti | tan emut ing sêpuhipun | kalimput kawibawan | lirna ikang dede băngsa tandangipun | Kumpêni kagila-gila | tan agop gènipun bêdhil ||
82. kawula yèn ta sampuna | emutilaring[22] nata maksèng puri | amopoa ing prang tangguh | kadya dhatêng pralaya | myang wong Sampang Cakraningrat mingut-mingut | lan Jangrana aparentah | ing wadya kalamun manggih ||
83. santana ing Kartasura | glis kêpungên padha cêkêlên urip | sun kêkalungane bêruk | bari wudanana |[23] atanapi sang nata lamun kasambut | iya sira wudanana | titihêna gudèl èstri ||
84. bari mungkur nata myarsa | turing paman sangêt gugup ing galih | kang paman aturira sru | anak prabu dèn inggal | rêbut gêsang pintên banggi ta ing besuk | sagêd wangsul dhatêng praja | sok ugi taksiha urip ||
85. măngsa ta kiranga akal | mila sangêt Pangran Arya Matawis | aturira ing sang prabu | age nulia
--- [f. 205v] ---
kindhang | adhuh dawêg inggal kawula nèng pungkur | lan kangmas Arya Panular | dados kawaling ajurit ||
86. lan pamanatakusuma[24] | bilih Sampang prapta mêksa nututi | ing lampah paduka prabu | kawula kang nanggulang | dados kawalah[25] suwawi anak prabu | sang nata sru kagegeran | ikang paman gêgirisi ||
87. gumyur dening para gêrwa | padha nangis miwah kang para sêlir | pawongan wurahan gugup | tanbuh polahanira | ting jalêrit asambat-sambat sang prabu | pinasthi karsaning Suksma | tar wiyang ing tyas narpati ||
88. gya budhal saking jro pura | ting bacècèr parêkan para cèthi | pra gêrwa tangisira sru | nata asêmu waspa | nanging tansah tinênggak-tênggak wus mêtu | saking pura Susuhnan Mas | wus jêngkar punggawa ngiring ||
89. ing dina Rêspati tanggal | kaping pitu Jumadilawal warsi | Jimawal măngsa katêlu | maksih tunggil sangkala |[26] mêdal ing Lawiyan lampahira prabu | jog Giyantèn mring Kaduwang | lorogira tan winarni ||
90. sang nata kang sampun jêngkar | kang winarna Kangjêng Sri Narapati | Pakubuwana winuwus | prapta amasanggrahan | ing Balêdug amunga sipêng sadalu [sa...]
--- [f. 206r] ---
[...dalu] | enjing budhal saha wadya | ginarêbêg ing Kumpêni ||
91. wong Sampang samya ngrêrayah | langkung rusuh sampun kalokèng bumi | yèn Bajag Sampang arusuh | rusak desa kamargan | nata budhal sawadya saking Balêdug | lêstari ing lampahira | masanggrahan Majalêgi ||
92. anuju malêm Jumungah | tanggal kaping wolu injing lumaris | ya ta pangeran katêlu | kang samya kari pura | Pangran Arya Panular Arya Matarum | Pangeran Natakusuma | kang samya kari ing puri ||
93. pangran tri samyarsa mapag | mring sang nata arsa tundhuk ing margi | samya asaos sêsuguh | anèng Warung Kalitan | wusamapta Amral Safilman gya rawuh | lan Dipati Surabaya | panggih lawan pangeran tri ||
94. myang Panêmbahan Madura | tundhuk lawan Pangran Arya Matawis | Amral asru dènnya muwus | wontên pundi sang nata | Pangran Arya Mataram agya atutur | ing sapolah-polahira | mimiti[27] malah mêkasi ||
95. Amral gumuyu asuka | amiyarsa lingya Pangran Matawis | agya sinêgahan sagung | pratiwa nung anadhah | wrata sikêping yuda têkan pêpikul | sêgahe pangran tri Amral |
--- [f. 206v] ---
lajêng kalawan dipati ||
96. Jangrana myang panêmbahan | praptèng alun-alun Amral ningali | ing Sapujagad gagêtun | miwah gènnya tumingal | mring Ki Gunturgêni gêngira kalangkung | tan kinarya mapag ing prang | Amral minggah ing Sitinggil ||
97. lajêng mring lawang pamêngkang | kandhêg ikang lawang maksih kinunci | katri èmêng manahipun | amêksa jrih ing nata | Amral angling andika kari sun wangsul | sadhela mapag ing nata | andika karia kalih ||
98. gya bali Amral Safilman | Panêmbahan Madura lan Dipati | Jangrana kari ing pungkur | anata barisira | asêsiyung ing marga angurung-urung | amyang gêgaman Madura | sri tinon awarni-warni ||
99. lêlurah samya santana | arasukan rêrendan baludru brit | kumitir sêsondhèripun | miwah wong Surabaya | asêsiyung barise anut lêlurung | wiwit saking Pagêlaran | praptèng Kêmlayan kang baris ||
100. busana awarna-warna | yèn sinawang kadya prawata sari | têngêran amyang dinulu | umbul-umbul kakăndha | Amral prapta ingasêm[28] anulya cundhuk | lanata aris aturnya | pura kapanggih
--- [f. 207r] ---
asêpi ||
101. yèn suwawi jêng paduka | gusti agya umanjinga jro puri | ngandika risang[29] aprabu | lah ya mayo budhalna | kèhing wadya gambira swaranya umung | sang nata nitih dipăngga | angsalira ing Sêmawis ||
102. milanira kang dipăngga | Raja Siyêm ingkang tur-atur èsthi | mring Susuhnan Kartapurun | dupi praptèng Sêmarang | Adipati Sêmarang tan awèh langkung | duta jrih dadya kang liman | ingaturakên sang aji ||
103. ikang umadêg Samarang | dipangganya pinalanan sarywa sri | ginarêbêg punggawa gung | pasisir gêgamannya | wus dhingini anêpungi barisipun | wong Sampang nata gamêlan | sanjata dipun isèni ||
104. miwah wong ing Surabaya | ya ta lampahira sri narapati | wus prapta ing alun-alun | wong Sampang Surabaya | sigra nabuh gamêlan swara gumuruh | sinapan abêrondongan | angrok swaraning gong bèri ||
105. rame samya ababêksan | amradăngga swaranira ngrêrangin | suka sakèhing wadya gung | sang nata magêlaran | wus pinarak sineba ing punggawa gung | Cakraningrat lan Jangrana | tan adoh lawanêrpati[30] ||
106. tanapi Amral Safilman | para putra samya minggah Sitinggil [Siting...]
--- [f. 207v] ---
[...gil] | lajêng mudhun lampahipun | praptèng kori pamêngkang | kandhêg maksih kinunci miwah sang prabu | kandhêg anèng Sitibêntar | Amral agya nugêl kunci ||
107. wus mênga sigra narendra | angadhaton sagêrwa para siwi | sadaya sami umangsuk | nuju dina Jumungah | pangadhatonira sang nata winuwus | panêmbahan tur uninga | yèn Pangran Arya Matawis ||
108. lan Pangran Arya Panular | arsa tundhuk ing raka sri bupati | Pangran Natakusumèku | tri katur ing narendra | panungkule priyayi samya kèh rawuh | nahan gantia kawarna | sira Pangeran Ngabèi ||
109. ing nguni duk durung kendhang | Susunan Mas nari Pangran Ngabèi | aturira sagah tumut | nênggih sabaya pêjah | sarêng kindhanging raka nimpang dalanggung | sarayatira sadaya | angili desa ing Wêdhi ||
110. sarawuhira kang rama | nulya dandan Pangeran Angabèi | arsa tundhuk ngrama prabu | wusamapta gya budhal | tan kawarna praptèng Kartasura katur | ing nata êntyarsanira | kang putra gya dèn timbali ||
111. mring pura praptèng byantara | samya onêngira myang kang para ri | anungkêmi pada gupuh | pangran asêmu waspa |
--- [f. 208r] ---
gènnya pisah sampun angsal tigang taun | mangkya panggih sudarmendra | tusthèng tyas nahan kawarni ||
112. nênggih mangsuli carita | duk sang nata budhal saking Samawis | kang putra tinilar satu | ajaga nèng Samarang | wong Kumpêni datan eca manahipun | yènata tan tilar putra | milane kantun satunggil ||
113. lan malihe lamun ana | mungsuh prapta nêrombol saking wuri | mila katilaran sunu | ikang andêling yuda | Pangeran Prangwadana sura tur têguh | prakosa kaduk pangarsa | mila katanggênah kari ||
114. nênggih lawan ibunira | mangke sampun amiyarsa pawarti | yèn kang rama sang aprabu | mênang prang wus ngadhatyan | pangran agya arêmbag lawan kang ibu | arsa nusula ing rama | wus tanna kang makewuhi ||
115. kang ibu anut ing putra | nuli dandan sawadya amaranti | alfèrès alon umatur | kang ajaga Sêmarang | sampun age pangeran andika mantuk | yyan nata dèrèng putusan | myang pun Amral komasaris ||
116. yêktinipun kirim surat | mring kawula yèn dika dèn timbali | sabên arsa mangkat mantuk | alfèrès datan suka | dènnya ngandhêg [ngandhê...]
--- [f. 208v] ---
[...g] sampun jangkêp kaping têlu | pangeran kaku tyasira | sêmana anuju runtik ||
117. dilalah karsaning Suksma | ikang rama lami datan nimbali | pangran mêksa karsanipun | alfèrès nora suka | kajuwêtên Kumpêni dènira matur | pangeran anuju duka | dhasar priyayi bang-bang pring ||
118. pangran supe subasita | dening arsa budhal dipun alangi | alfèrèsigra[31] sinuduk | aniba kapisanan | pangran budhal sawadya miwah kang ibu | kalangkung sungkawèng driya | samarga-marga anangis ||
119. dening polahe kang putra | mandahane dêdukane sang aji | pangeran tan arsa mantuk | ing praja Kartasura | lampus ing tyas lajêng anggepak mring Kêdhu | aran desa Kabakalan | ikang arsa dèn kuwoni ||
120. kacarita Kabakalan | dhusunipun ikang rama rumiyin | kala Kapugêranipun | ya ta sira Pangeran | Prangwadana sampun ngadêg barisipun | suyud wong Kêdhu sadaya | tan ana wani ngalangi ||
121. muwah anglawana yuda | tan awani barisira andadi | awatara tigang èwu | glis katur ing sang nata | tuwin Amral wus atur dhatêng sang prabu | yèn Pangeran Prangwadana | nuduk Kumpêni upêsir [u...]
--- [f. 209r] ---
[...pêsir] ||
122. sang nata kalangkung duka | gya parentah ing sagung pra bupati | Panêmbahan Madurèku | lan Dipati Jangrana | kine[32] bujung mring Susunan Mas kang sampun | kendhang saking purantara | prakwara[33] kalih wus amit ||
123. Dipati Sujanapura | kang tinuduh maring Kêdhu mrih siwi | pangeran kinèn angipuk | wus mangkat saha wadya | sarêng budhalan[34] Dipati Surèngkewuh | kêrig pasisir sadaya | praptèng Bangkekan abaris ||
124. kawarnaa ikang kendhang | Susunan Mas nèng Laroh tigang latri | Patih Sumabrata matur | yèn wadya ing Madura | prapta ngusir lawan wadya Surèngkewuh | susuhunan kagegeran | gya budhal sawadya ngiring ||
125. mring Kaduwang karsanira | para mantri punggawa kèh kang bali | mring panêmbahan atundhuk | sadaya tinarima | ikang têluk sadaya katur ing prabu | kalangkung marwata suta | tyasira sri narapati ||
126. nahan gantia kawarna | kang mring Kêdhu Sujanapura prapti | Kabakalan wus ingipuk | tan winarna ing solah- | ira pangran pan wus lilih manahipun | tutut mring Sujanapura | ngaturan kondur mring nagri ||
127. Kartasura [Kartasu...]
--- [f. 209v] ---
[...ra] saha wadya | tigang èwu sikêpirèng ajurit | kajawi ikang pêpikul | tan kawarna ing marga | praptèng Kartasura katur ing sang prabu | kalangkung merang ing driya | kang putra kinèn nêlasi ||
128. pangeran katrap ing kisas | pan linawe nèng masjid agêng nênggih | ibune bela ing sunu | kang myat asêmu waspa | ikang ngusir Susunan Mas kang winuwus | panêmbahan lan dipatya | samya katimbalan mulih ||
129. maring praja Kartasura | dening putra wus adoh dènnya ngungsi | punggawa mantri kang têluk | binêta manjing praja | sarayate sadaya wusamya mantuk | kawarna sri naranata | miyosineba ing dasih ||
130. pêpêk ikang wadyakoswa | Kya Tumênggung Cakrajaya Apatih | nèngarsa jajara lungguh | lan Panêmbahan Sampang | Adipati Jangrana ikang sumambung | Dipati Sujanapura | Citrasoma anambungi ||
131. myang Tumênggung Jayaningrat | Wirancana lan Kartanêgarèki | pêpêk para punggawa nung | pasisir lèn santana | Pangran Arya Panular Arya Matarum | Pangeran Natakusuma | miwah ikang para siwi ||
--- [f. 210r] ---
132. pêpêk ingarsa narendra | samya nangkil myang Pangran Adipati | Anomêngkunêgarèku[35] | Pangeran Purubaya | lan kang rayi ajajar lênggah katêlu | Pangran Dipati Balitar | lan raka Pangran Ngabèi ||
133. Pangeran Dipanagara | Pangran Tanpasanta jajar alinggih | angandika sang aprabu | yayi Mas Cakraningrat | kaya priye ana ngêndi anak prabu | kang dinangu atur sêmbah | ing Kaduwang kang dèn jogi ||
134. dening sagunging pugawa[36] | Kartasura miwah kang para mantri | inguni sadaya tumut | ing Susuhunan Êmas | mangke wangsul sadaya samyarsa atur | pêjah gêsang ing padubra | mung kantun punggawa katri ||
135. kang tumut ing Susunan Mas | mung pun Arya Mandurarêja kalih | pun Wiraguna Tumênggung | tri Patih Sumabrata | kang santana Arya Tiron lan Tumênggung | Mangunagara[37] limanya | kang taksih sami angiring ||
136. sang nata ris angandika | hèh Tumênggung Cakrajaya Apatih | punggawa kang padha nungkul | ya padha lungsurana | nging Si Mangkuyuda sisihêna iku | kalawan Si Surantaka | Natayudane ngaturi ||
137. Natakusuma têtêpna | salungguhe lawas lan Sindurjèki | maksiha aran tumênggung | adhi Arya [Ar...]
--- [f. 210v] ---
[...ya] Panular | lawan Arya Mataramaksiha[38] kukuh | lungguhe kala ing kuna | duk alame ikang swargi ||
138. Si Citrasoma sun karya | wadana jro gêdhong kiwa asisih | Wirancana têngênipun | lawan Ki Adipatya | Anomêngkunêgara sun wèhi lungguh | limang èwu Si Dipatya | Purbaya ingsun wènèhi ||
139. lêlungguh wong têlung nambang | Ki Dipati Balitar sun paringi | lêlungguh wong têlung èwu | Si Ngabèi Lorpasar | sun paringi lêlungguh karya rongèwu | Ki Arya Dipanagara | wong sèwu ingsun wènèhi ||
140. Ki Ariya Dipasanta | ya wong sèwu lungguhe sun paringi | patih sandika turipun | jêngkar ikang sineba | kacarita nagara ing Kartapurun | wus têtêp manahing wadya | kangili wus padha mulih ||
141. miwah parentahing nata | angglarakên ing palamarta adil | ambêk santa bodya arju | eca manahing wadya | Amral komasaris wus tinundhung mantuk | Kumpni rongatus tinilar | têtindhih kapitan siji ||
142. tinuduh jaga ing nata | Adipati Sêmarang milu mulih | barêng Amral tur tinuduh | rumêksa ing dêdalan | tundhan lawan pangane [pang...]
--- [f. 211r] ---
[...ane] ganti winuwus | Susunan Kindhang ngutusan | mring Pasuruan nêgari ||
143. amundhut bantuning aprang | tan alama wong Pasuruan prapti | têtindhih Ngabèi Kidul | patihe Surapatya | lan Ngabèi Êlor gya budhal sang prabu | sing Kaduwang mring Dêmalang | mapag prajurit kang prapti ||
144. dutanira Surapatya | Ngabèi Lor cundhuk ing nata bêkti | tanapi Ngabèi Kidul | mit arsa lumakyèng prang | amrêp Kartasura kalilan ing prabu | budhal tan kawarnèng marga | praptèng Kamanggaran baris ||
145. dening Susuhunan Êmas | lajêng dhatêng nagari Pranaragi | kawarna Ngabèi Kidul | kang anèng Kamanggaran | angrêrayah padêdesan agya katur | ing panêmbahan kalawan | Adipati Surawèsthi ||
146. yèn wong Pasuruan prapta | panêmbahan agya nimbali siwi | lan pra kadang Surèngkewuh | kinèn sayagèng ing prang | wong pasisir sadaya kang samya tumut | maksih anèng Kartasura | pêpêk durung ana mulih ||
147. Rahadèn Suradiningrat | Arya Jayapuspita lan Apanji | katri mênggalaning pupuh | samya gambirèng driya | nulya budhal datan kawarnèng dalanggung | prapta ing Warung Wêlănda | kandhêg samya pacak baris ||
--- [f. 211v] ---
148. sakèhing para dipatya | amakuwon cucuking mungsuh prapti | nanging tan linawan pupuh | pinrih daladag ing tyas | mila tansah ajêng-ajêngan tan tarung | andina anggung mangkana | nahan gantia winarni ||
149. sira Susuhunan Kindhang | praptèng Pranaraga anggung cêngkrami | sang nata lan wadyanipun | ing wana myang ing toya | para sêlir kèhe patang puluh wolu | kang milu ginawa kendhang | manggung katanggung pra manis ||
150. pêpingitan kèh ginawa | para sêlir tan ana ikang kari | samarga tansah mong lulut | tan măntra nata kendhang | ya ta mundhut gêrogolan ing wana gung | mring Dipati Pranaraga | Rahadèn Martawăngsa glis ||
151. saos karya gêrogolan | banthèng sangsam manjangan kidang kancil | giniring kathah kalêbu | bêthekan agya nata | miyos sêlir sadaya minggah ing panggung | wadya jajari ing jaba | sigra sang sri narapati ||
152. amanah banthèng lan sangsam | kapisanan Rahdèn[39] Martawăngsa glis | manjing jro bêthekan nambut | sangsam kang kênèng panah | winêdalkên kasunatana ing kaum | pinangana ing kawula | mangkana èsthining ati ||
153. katingalan ing sang nata [na...]
--- [f. 212r] ---
[...ta] | yèn Dyan Martawăngsa anèng sajroning | bêthekan bucali mêtu | sangsam kang kêna panah | sakalangkung dukanira sang aprabu | parentah akèn nyêkêla | ing Radèn Martawăngsa glis ||
154. cinêkêl ginawa mêdal | wus binêsta lajêng dipun kabiri | Dyan Martawăngsa tan emut | para putra karuna | pan wus kondur masanggrahan sang aprabu | kasaput dalu samana | wau kang dipun sakiti ||
155. sira Radèn Martawăngsa | wus binêkta ing pra putra sumingkir | wali-wali datan emut | tan abisa tumingal | para putra santana sru sakit kalbu | dening salahe sapala | sangêt niayaning aji ||
156. mila ikang para putra | ting bathithit dangdan samamtèng[40] jurit | rêmbag arsa saroh[41] amuk | myang sagunging santana | ting garêgut mulat dhatêng sang aprabu | lali kalamun kawula | sawênèh ana kang angling ||
157. parandene Kartasura | uwis ana ikang jumênêng aji | tur alus ambêk rahayu | palamarta sih bala | iki ratu jajahlanat ambêk rusuh | măngsa silih malatana | lah mayo ingamuk wani ||
158. sigra kambu maring wana | gilig arsa angamuka ing wêngi | Patih Sumabrata wêruh | yèn putra Pranaraga [Prana...]
--- [f. 212v] ---
[...raga] | arsa ngamuk agya matur ing sang prabu | kalangkung gugup ing nala | sang nata gya budhal ngili ||
159. mring Madiun kang sinêdya | ting bacècèr ing marga kang wadya lit | kang kacandhak akèh lampus | dening wong Pranaraga | mulat ing wong Kartasura mingut-mingut | lajêng ngadêg barisira | Sunan Mas lampahe prapti ||
160. ing Madiun saha wadya | lajêng baris ajêng-ajêngan jurit | lawan wong Pranaragèku | prang ing wana Gagêlang | akèh pêjah nahan gantia winuwus | Rahadèn Suradiningrat | lan pra kadang Surawèsthi ||
161. dadya mênggalaning apra[42] | anindhihi sarupaning pasisir | ing yuda rame acampuh | lan wadya Pasuruan | Ngabèi Lor kalawan Ngabèi Kidul | sura panggah ing ayuda | gènira campuh ing jurit ||
162. desa Ngluyu srang-sinêrang | padha wani wadya wus akèh mati | wong wetan karoban mungsuh | Ngabèi Lèr lumalya | etan anjog Samêdhangan sru binuru | arsa maring Pranaraga | Ngabèi Lor myarsa warti ||
163. yèn Sunan Mas sampun budhal | saking Pranaraga sampun angalih | anèng nagari Madiun | Ngabèi Lèr
--- [f. 213r] ---
gya budhal | maring Jagaraga wong Sampang ambujung | binuru mangetan pisan | praptèng Madiunagari[43] ||
164. wong Sampang lan Surabaya | barisira kandhêg anèng Gulathik | Ngabèi Lor wus acundhuk | lawan Susunan Êmas | lajêng tumut binêta ngetan sang prabu | wadya Kapakubuwanan | ngangsêg mring Madiun prapti ||
165. barise wong Pranaraga | wus angumpul ing barisurawèsthi[44] | Susunan Mas lampahipun | kandhêg nagri ing Daha | baris kilèn mulih mring Kartasurèku | kang tinilar abarisa | sakèhe măncanêgari ||
166. angajêngakên ing Daha | ênêngêna ikang sami abaris | ya ta wau kang winuwus | surate jendral prapta | Kartasura agya katur ing sang prabu | tinupiksa saungêlnya | mangkana ungêling tulis ||
167. yèn suwawi karsa nata | Susunan Mas kang samun[45] tilar puri | ingusir saparanipun | miwah pun Surapatya | Pasêdhahan tinumpêsabrayanipun[46] | pasisir tuwan kêrigna | nuntêna lumakyèng jurit ||
168. amukul ing Pasêdhahan | gih kawula ambantoni Kumpêni | nênggih dhomas kathahipun | mênggalaning ayuda | gih pun komasaris [komasa...]
--- [f. 213v] ---
[...ris] kang kawula tuduh | sang nata katujon ing tyas | rêmbug kang para dipati ||
169. sêmana apagunêman | anèng pura lan sagung pra dipati | ing Sampang Surabayèku | Apatih Cakrajaya | lawan Kartanêgara samya nèng ngayun | Janapura Wirancana | angandika sang siniwi ||
170. yayi mas Sampang ngluruga | Pasuruan mêtua ing pasisir | lor anjoga Surèngkewuh | komasarisêmarang[47] | ngirid Kumpni pasthi yèn mêtu ing laut | patêmona Surabaya | ngirida bocah pasisir ||
171. têngên kêrigên kalawan | Si Jangrana kanthinên dadya tindhih | anadene putraningsun | Adipati Purbaya | angluruga mangetan ngirida sagung | pasisir kiwa mêtua | ing Pranaraga nêgari ||
172. saparo wong Kartasura | kang milua ing sira ingsun kardi | senapatining prang tunggul | sarupaning gêgaman | pangranêmbah[48] sandika ing aturipun | panêmbahan prajangjeyan | lan Pangeran Purbayèki ||
173. datan tulung-tinulungan | ing ayuda pangeran nêmbah amit | myang sagung nayaka mêtu | muliha sewang-sewang | tan kawarna ing dalu wuwusên esuk | sadaya sampun samapta | pangeran kang budhal dhingin ||
174. sinêngkalan [sinêngka...]
--- [f. 214r] ---
[...lan] tanpa guna | ngrasa wani sagung punggawa ngiring |[49] lampahe anjog Madiun | lajêng mring Êmbat-êmbat | Panêmbahan Madura ikang winuwus | budhal kalawan Dipatya | Jangrana ing Surawèsthi ||
175. angirid pasisir kanan | tan kawarna lampahira ing margi | praptèng nagri Surèngkewuh | komasaris wus nunggal | nulya budhal saking nagri Surèngkewuh | mring Pasuruan gumêrah | wadya kang mundur winêli[50] ||
47. Durma
1. dèn warnanên Dipati Wiranagara | sampun miyarsa warti | yèn wong ing Madura | wong Surabaya prapta | saking lèr lawan Kumpêni | Sang Adipatya | Wiranagara runtik ||
2. sigra nêmbang têngara wadya sawega | para putra pra mantri | sadaya wus prapta | miwah para santana | sumaos kang wadya Bali | samya gambira | padha sura ing pati ||
3. wadyèng Pasuruan kadya singa suta | arsa dèn wisayani | watara salêksa | warêg dana lan boga | gya budhal saking nêgari | Wiranagara | ginarêbêg ing dasih ||
4. pratèng nagri Bangil lagya nata bala | kawarna komasaris | lawan panêmbahan | nagri ing Bangil prapta | myang Jangrana komasaris | suka tumingal | ing mungsuh mapag jurit ||
5. wadyèng Pasuruan abaris [aba...]
--- [f. 214v] ---
[...ris] malatar | saksana komasaris | nata barisira | Kumpêni dadi dhadha | Panêmbahan Sampang kèri | Jangrana kanan | wong pasisir pinalih ||
6. sarêng nêmpuh wong Sampang wong Surabaya | Kumpêni sigra bêdhil | lir ruging parwata | panggah wong Pasuruan | tan ana ajrih ing bêdhil | ramening yuda | pêtêng kukusing bêdhil ||
7. wadyèng Pasuruan angamuk anêngah | tinadhahan Kumpêni | wadya Pasuruan | akathah kang palastra | Wiranagara ningali | wadya kèh pêjah | bramatya angawaki ||
8. ing ayuda kalawan kang para putra | miwah kang para mantri | wadya Bali mangsah | sumahab anèngarsa | tan ana ajrih ing pati | Wiranagara | angawaki nindhihi ||
9. parêng anduk umangsah wong Pasuruan | Kumpêni ambêdhili | maryêm palayangan | tiktak lan kalantaka | masbum lawan gutuk api | wong Pasuruan | ting jalêmpah kèh mati ||
10. Adipati Wiranagara tan kewran | ginarudug ing bêdhil | sangsaya sudira | pangamuke manêngah | lawan wadyanira Bali | lir sima babal | ikang katrajang ênting ||
11. wong Wêlănda anggêlasah ikang pêjah | panêmbahan ningali | gya tulung [tu...]
--- [f. 215r] ---
[...lung] ing yuda | lan pasisir sadaya | sarêng mangsah ing ajurit | wong Dulangmangap | mangsah arêbut dhingin ||
12. rame ikang yuda panggih padha sura | wong Bali tan gumingsir | rame silih watang | wanèh silih curiga | wong Sampang lawan wong Bali | padha suranya | tan ana ngucap ajrih ||
13. padha warêg dana boga kalihira | wong Sampang lan wong Bali | asilih prajaya | swarane lir ampuhan | braja tikêl ting carêngkling | madyèng palagan | pêtêng lir têngah wêngi ||
14. alimêngan tanbuh mungsuh lawan rewang | pratiwi gonjang-ganjing | langit kêlab-kêlab | tumpês wong Dulangmangap | ingamukan ing wong Bali | Wiranagara | ngamuk atilar dasih ||
15. asru nandêr maring barising Wêlănda | tinadhahan ing bêdhil | pinetar ing tiktak | ingurugan sinapan | sinawuran pasêr lêmbing | Wiranêgara | tan mundur saya ngukih ||
16. ngamuk nêngah rinêbut Walandi kathah | ginitikan ing bêdhil | putung lawungira | sigra narik curiga | ngamuk nêngah karo kêris | sru pinêdhangan | dening Wêlandi tan gingsir |[51]|
17. ngiwad-ngiwud anuduke sru anigas | wanèh dinugang mati | wong Kumpêni rusak |
--- [f. 215v] ---
lir pacing binabadan | pirang-pirang ikang mati | ya ta kacrita | ana kapitan siji ||
18. ran Kapitan Pabèbèr[52] Wlandi digdaya | ing sabrang tanpa tandhing | pan sampun kasusra | titir bêdhah nêgara | Pambèbèr mulat Walandi | akathah pêjah | Pambèbèr mangsah aglis ||
19. ngamuk panggih lawan Radèn Surapatya | kapitan asru angling | hèh sapa ranira | prajurit aprawira | Wiranagara nauri | hèh kafir ingwang | Rahadèn Surapati ||
20. kang jumênêng Dipati Wiranagara | tuhu prajurit luwih | Si Untung ya ingwang | kang angrusak Wêlănda | Batawi ingsun amuki | mara bêdhila | Pambèbèr agya bêdhil ||
21. wanti-wanti Wiranagara tan pasah | malah ênting kang mimis | Radèn Surapatya | sigra malês amatang | mring kapitan ora busik | putung kang watang | tangginas narikêris[53] ||
22. gya Kapitan Pambèbèr anarik pêdhang | Rahadèn Surapati | pinêdhang tan pasah | malês nuduk kapitan | panggah datan ana busik | pêdhang binuwang | sampun kadya gulali ||
23. Radèn Surapati kêrise sêsanga | siji tan ana kari | agêlut [agêlu...]
--- [f. 216r] ---
[...t] kewala | kuwêl pancal-pinancal | arame banting-binanting | Wiranagara | gulune dèn cakoti ||
24. mring kapitan ginêbêg kadya srênggala | ilêre akèh mili | nètèsi sarira | Rahadèn Surapatya | sakala emut ing ati | patrêm anèng sak | ginagap wus tinarik ||
25. gya cinublês jajane kapitan tatas | niba tan angulilis[54] | komasaris mulat | langkung miris ing nala | samana kasaput wêngi | Sampang kèh pêjah | wong Dulangmangap ênting ||
26. panêmbahan mundur sawadya wus rusak | Jangrana maksih jurit | rame agêmporan | winastan prang gorohan | marang komasaris dening | Sampang kèh pêjah | apadene Kumpêni ||
27. têtumpêsan Wêlănda akêdhik gêsang | Dipati Surawèsthi | Jangrana kang wadya | tan ana ikang pêjah | mila ginarit ing ati | kawarna Sura- | patya mundhuturanggi[55] ||
28. arsa mundur sawadya saking ranangga | ing wayah wus awêngi | pun Pakeling rannya | kuda wus tinitihan | mundur Wêlănda ambêdhil | sinapan gurnat | maryêm lan gutuk api ||
29. parêng muni swaranya kadi ampuhan |
--- [f. 216v] ---
mimis lir lintang ngalih | sêmana Dipatya | Wiranagara kêna | mimis kêncana nibani | walikat kiwa | anjola ngraos sakit ||
30. nora pasah ing jaba nanging jro lara | Wiranêgara runtik | pun Pakeling kuda | dening êmar ing ngarsa | sumêdya angamuk malih | para santana | padha nandhak kêndhali ||
31. ana ngrangkul pada ngasih-asih turnya | sampun mangsah ing jurit | suwawi kondura | sampun amarwakala[56] | ing wayah sampun awêngi | ing benjang injang | dawêg umangsah malih ||
32. sang dipatya awlas marang para putra | mundur lon-lonan ngiring | kulawarganira | mundur manjing jro praja | kawarnaa komasaris | lan panêmbahan | samya miris ing ati ||
33. nulya mundur barisira Panêmbahan | Sampang miwah Kumpêni | samya ngrês ing nala | panêmbahan wis duta | mring nagara Pranaragi | Pangran Purbaya | ngaturan mundur mulih ||
34. saha atur wikan yèn kasor ing yuda | wadyanting myang Kumpêni | akathah kang pêjah | milane panêmbahan | pangran ingaturan mulih | manawa tiwas | ya ta
--- [f. 217r] ---
wau winarni ||
35. lampahira Pangran Dipati Purbaya | abaris nèng Gulathik | Susuhunan Êmas | abaris anèng Daha | Kya Katawêngan tinuding | mapaga yuda- | nira pangeran ari ||
36. budhal agya Katawêngan saha wadya | tan kawarna ing margi | ing Gulathik prapta | abaris jêng-ajêngan | kalawan wong Kartawani | samya prayêtna | kasaru duta prapti ||
37. saking Kartasura dutane kang rama | timbalanira aji | kinèn angipuka | mring Patih Sumabrata | Pangeran Purubaya glis | dènnya anduta | maring nagri Kadhiri ||
38. saha mawi surat dutanira mêsat | tan kawarna ing margi | duta prapta panggya | lan sira Sumabrata | sinung srat agya nupèksi | ungêling surat | sawuse salam taklim ||
39. hèh wa Sumabrata andika ngandikan | dhumatêng ing rama ji | langkung ngarsa-arsa | ulih dika mring praja | Kartasura jêng rama ji | arsa malêsa | ing sih dika kèh nguni ||
40. mila dadi nata pan saking andika | marganipun rumiyin | kalane jêng rama | nèng pabêthekan dika | uwa
--- [f. 217v] ---
ikang ngisin-isin | nuli jêng rama | manêkung amaladi[57] ||
41. nêgês karsaning Hyang ing mangkya tinêkan | jêng rama wus dadya ji | marga saking dika | Tumênggung Sumabrata | miyarsa têmbunging tulis | asêmu waspa | saking sangêt sih aji ||
42. nulya dangdan sarayatira sadaya | arsa minggat ing wêngi | tan kawarnèng solah- | ira duk inggatira | praptèng barisan apanggih | lawan pangeran | linajêngakên aglis ||
43. mulih maring nagara ing Kartasura | pangran gawani mantri | kang rumêsèng[58] marga | lampahe tan winarna | ing Kartasura wus prapti | katur ing nata | ingandikan mring puri ||
44. Patih Cakrajaya sampun ingandikan | prapta ngarsa wotsari | sang nata ngandika | patih Si Sumabrata | tunggala lawan sirèki | pêparing ingwang | wong sèwu kang lêlinggih ||
45. nêmbah Patih Cakrajaya tan lênggana | nêmbah anulya mijil | myang Ki Sumabrata | binêtèng kapatihan | kawarna Pangran Dipati | Purbaya lagya | ajêng-ajêngan jurit ||
46. lawan wadya Kadhiri campuh i yuda | senapatining jurit | Kyai Katawêngan | sura panggah ing rana | arame rok silih ukih | para punggawa | Kartasura ngawaki ||
47. nangsah
--- [f. 218r] ---
mangmuk wong Daha panggah ing rana | nanging dèn idak wani | akathah kang pêjah | Katawêngan lumalya | sapraptanira Kadhiri | matur ing nata | yèn kasor ing ajurit ||
48. wadya kathah kang pêjah anèng ing rana | Susunan Êmas myarsi | tur ing Katawêngan | sunan gugup ing driya | bodhol saha gêrwa siwi | angidul ngetan | wadya kèh ilang margi ||
49. kawarnaa Pangran Dipati Purbaya | prapta kilèn bênawi | arsa ngêbrokana | kuwune kang lumalya | kasaru caraka prapti | sing Panêmbahan | Madura wus apanggih ||
50. lan pangeran caraka matur anêmbah | ămba ingutus gusti | pun paman Madura | sampun kasor ing yuda | wadya nting miwah Kumpêni | kêdhikang gêsang | ingamuk Surapati ||
51. jêng paduka ngaturan kundur mring praja | ramanta langkung watir | pangeran gya budhal | sawadya tan kawarna | ing marga lampahe prapti | ing Kartasura | panggih lan sri bupati ||
52. nahan ingkang wus mulih marang ing praja | kawarnaa Dipati | Prawiranagara | lamine mêntas aprang | sampun patang puluh wêngi | duk mundur ing prang | kasapih dening wêngi ||
53. saundure katiban mimis kancana | tan pasah lajêng agring | konduran ing yuda | watara [wa...]
--- [f. 218v] ---
[...tara] pitung dina | sang dipati animbali | ing para putra | santana pêk ing ngapti ||
54. angandika Dipati Wiranagara | hèh sanak-sanak mami | miwah putraningwang | kabèh wêruhanira | mèh puput jênêng sun iki | wus karsaning Hyang | padha dèn bêcik kari ||
55. lawan sira para putra-putraningwang | padha sun upatani | kalamun nêdyaa | bêcik lawan Wêlănda | aja olèh sawab mami | saturun ingwang | aja na nêmu bêcik ||
56. lan maninge poma-poma wêkas ingwang | kunarpaku yèn mati | pêndhêmên dirata | aja nganggo maejan | lawan aja nganggo kijing | sira pasêka | dêdimène si kafir ||
57. aja wêruh marang pakuburan ingwang | sawusira mamêling | sang dipati niba | sare lajêng palastra | pra gêrwa gumuruh nangis | myang prara[59] putra | sêsambat amlasasih ||
58. kunarpane Dipati Wiranagara | wus pinêtak rinadin | tan mawi maesan | tinut sawêlingira | sasedanira dipati | ikang gumantya | sira Radèn Surahim ||
59. ajêjuluk Dipati Wiranagara | dening ta ikang rayi | nama Surapatya | arine kang pamêkas [pamêka...]
--- [f. 219r] ---
[...s] | Suradilaga namèki | katiga samya | gagah prakosa wani ||
60. nanging adipati arusuh ambêknya | jamah kang para bibi | milane ing mangkya | apês kaprawirannya | kasêktènira tan kadi | jênênging rama | nahan ingkang winarni ||
61. nagri Kartasura wus gêmah raharja | mulih kadya inguni | sakathahing wadya | samya eca ing manah | sang nata palamarta dil | ngapurèng dosa | asih ing pêkir miskin ||
62. wadyabala gêng alit asih ing driya | suyud ing lair batin | ya ta ganti warsa | sang nata aparentah | ing punggawa myang pasisir | kinèn angrurah | ing Pasuruan nagri ||
63. komasaris prapta angirid Wêlănda | pêpêk wadya pasisir | anèng Kartasura | sawega ing ayuda | wong Kêbagêlèn jagani | jagul anggawa | rarêmbating Kumpêni ||
64. wadya ing Japara năngga panganira | wong Sampang Surawèsthi | jagani papêrang | Purubaya kinarya | senapatining ajurit | angirid wadya | Kartasura sapalih ||
65. mangkat mêdal têngahan dadi satunggal | tan kawarna ing margi | praptèng Kartasana | Panêmbahan [Pa...]
--- [f. 219v] ---
[...nêmbahan] Madura | lan Dipati Surawèsthi | nagri ing Wira- | saba ikang dèn jogi ||
66. kawarnaa Susunan Mas wus miyarsa | yèn Jangrana Dipati | anèng Wirasaba | lan Pangeran Dipatya | Purbaya gènira baris | ing Kartasana | akanthi lan Kumpêni ||
67. Susunan Mas manahira kagegeran | nulya bodhol tumuli | ngili ngidul ngetan | wadya akuceceran | anjog ing Dhungulan ganti | wong Kartasura | sampun nabrang bênawi ||
68. myang Kumpêni tan pisah prapta ing Daha | sampun amanggih sêpi | Pangeran Purbaya | lajêng mring Wirasaba | tanapi wadya Kumpêni | têmpur barisnya | lan Sampang Surawèsthi ||
69. mung sadalu gènnya nèng ing Wirasaba | enjing budhalumaris | pangajênging lampah | wong Sampang Surabaya | ing têngah wadya Kumpêni | Pangran Purbaya | ikang lumakyèng wuri ||
70. tan kawarna lampahe prapta ing Arga | Carat mrêgil alami | anèng Gunung Carat | Dipati Janapura | grah lami apamit mulih | sapraptanira | Jêpara angêmasi ||
71. kawarnaa para putra Pasuruan | Rahadèn [Rahadè...]
--- [f. 220r] ---
[...n] Surapati | lan Suradilaga | aseba mring sang nata | kang anèng Dhungul angungsi | wau kang prapta | gawa sèwu prajurit ||
72. cundhuk lawan nata Radèn Surapatya | umatur nuhun idin | arsa mangsah ing prang | amapag mungsuh prapta | sadaya kandhêga margi | lampahing mêngsah | sang nata suka angling ||
73. iya bênêr turira age mangkata | putra nata kêkalih | kang tinuduh dadya | senapatining yuda | Pangran Mangkunêgarèki | lan Mangkuningrat | miwah kang para mantri ||
74. Kartasura kang maksih tumut ing nata | kinêbutakên sami | mapag ing ayuda | mangkat mêtu ing Antang | mudhun ngalèr Surapati | Suradilaga | sawadyane angiring ||
75. kawarnaa Pangran Dipati Purbaya | budhal sagung bupati | saking Arga Carat | wong Sampang Surabaya | anèngarsaning Kumpêni | eca lumampah | wong Pasuruan prapti ||
76. kadi yêksa anêrajang saking wuntat | tadhah wong Kartawani | kang para punggawa | matur dhatêng pangeran | yèn mêngsah agêng dhatêngi | amrêp ing wuntat | pangeran ngandika ris ||
77. iya sira paguta bari lumakya | padha dèn ngati-ati | aja kongsi owah | lakune kang
--- [f. 220v] ---
gêgaman | aja pêgat kang lumaris | para punggawa | mundur nindhihi baris ||
78. ikang wuri arame dènira aprang | bêdhile wong pasisir | kadya wukir rêbah | nanging bali lumampah | nging bêdhile banyu mili | wong Pasuruan | akathah ikang mati ||
79. jêng pangeran eca dènira lumampah | Rahadèn Surapati | lan Suradilaga | angrasa datan kêlar | sigra ngundurakên baris | manjing ing wana | wongira akèh mati ||
80. lajêng mulih mring nagrine Pasuruan | kawarnaa sang aji | kang kendhang samana | budhal saking Dhungulan | mring Pasuruan anunggil | Wiranagara | arsa ngawaki jurit ||
81. Susuhunan Kindhang praptèng Pasuruan | watara tigang latri | Pangeran Purbaya | prapta ing Pasuruan | atanapi wong Kumpêni | wadya Madura | saking kidul nêkani ||
82. anut wuri palayune Surapatya | wadya Bali tan uning | lamun tinututan | dening wadya Madura | dening tan liwat ing biting | wong Pasuruan | kagyat dènnya ningali ||
83. ing wong Sampang Surabaya robalabar[60] | miwah wadya Kumpêni | mila [mi...]
--- [f. 221r] ---
[...la] kagegeran | sakèh wong Pasuruan | adangdan Sang Adipati | Wiranagara | arsa mapag ing jurit ||
84. wusamapta budhal sawadya sumahab | prapta ing Sidagiri | Kumpêni tumingal | yèn mungsuhira mapag | ing prang agya tata baris | prajurit Sampang | lawan wong Surawèsthi ||
85. ikang dadya pangawat kèri lan kanan | ing dhadha wong Kumpêni | baris lêlumbungan | mariyêm pinasangan | sigra Radèn Surapati | mangsah ing rana | sawadyane apipis ||
86. miwah Wiranagara nrêgakên wadya | myang Suradilagèki | umangsah sawadya | Bali samya sudira | Kumpêni tanah[61] bêdhili | maryêm lan gurnat | gurnada gutuk api ||
87. karbin tinggar muni kadya garojogan | wong Bali akèh mati | binendrong sanjata | Panêmbahan Madura | anangkêbi saking kèri | kang saking kanan | Jangrana Surawèsthi ||
88. giris wadya Pasuruan wus lumajar | kawratan ing ajurit | ikang para putra | lumayu maring Malang | anunggil dadi sawiji | lan Sunan Kendhang | tan pisah lan dipati ||
89. wus kabêdhah nagari ing Pasuruan [Pasuru...]
--- [f. 221v] ---
[...an] | wong guna ngrasa wani |[62] ya ta kawarnaa | Pangeran Purubaya | akalihan komasaris | manjing ing kitha | makuwon ing nêgari ||
90. kacarita alami nèng Pasuruan | wong cili akèh prapti | komasaris agya | akèn angularana | ing jisime Surati[63] |[64] sakèh ngastana | winalura tan kpanggih ||
91. kaku ing tyas komasaris undhang-undhang | ing sakèhing wong bumi | sapa kang nuduhna | sun wèhi satus reyal | sok katêmua kang jisim | wong Pasuruan | melik lali ing gusti ||
92. komasaris kalangkung suka ing driya | reyal wus dèn tampani | ing wong Pasuruan | komasaris agya |[65] tinuduhakên makaming | Wiranagara | rinata tan katawis ||
93. wus dèn dhudhuk jisimira Surapatya | gănda marbuk mrik wangi | pan ta maksih wêtah | kadya duk gêsangira | gawok sakèh kang ningali | nulya ginawa | mring pasanggrahan aglis ||
94. praptèng pasanggrahan agya ingurmatan | lininggihakên kursi | maryêm asauran | tambur bèri gumêrah | êdrèl sinapan kaping tri | sakèh
--- [f. 222r] ---
kapitan | lutnan alfèrès prapti ||
95. nandhak astaning layon atêtabean | ganti-ganti sarya ngling | sadaya mangkana | jawane dènnya mojar | hèh Kiyai Surapati | tuhu ta sira | prajurit mulya lêwih ||
96. lanang jaya lêlana mung sira uga | pasthi kalamun dadi | satruning Wêlănda | saturun-turunira | kang jisim nulya binêsmi | pan maksih wêtah | bramatya komasaris ||
97. ikang jisim siniram ing arak lawan | linêngan gajih babi | anulya ingobar | dahana gêng umasah | jisim pinangan ing api | gêsêng wus dadya | awu samya ingambil ||
98. sarupane Wêlănda wangkid sareyan | ngambil awuning jisim | komasarisuka[66] | nulya akèn akarya | loji ing Gêmbong nêgari | sawusnya dadya | jinaga ing Kumpêni ||
99. baluwarti pinasangan maryêm tiktak | sêmana komasaris | wus numpak ing palwa | mulih maring Sêmarang | Pangran Purbaya winarni | kondur Wêlănda | saparo kang umiring ||
100. mring pangera[67] mêdal dharat saparonya | tumut ing komasaris | kang para punggawa | sapalih kang binêkta | sapalih tinilar baris [ba...]
--- [f. 222v] ---
[...ris] | nèng Pasuruan | panêmbahan winarni ||
101. mulih maring prajanira ing Madura | saha wadya wus prapti | amrêgil ing Kamal | padesan ing Madura | panêmbahanandhang[68] sakit | praptèng sedanya | para putra nungkêmi ||
102. layon sawusira frahat siniram |[69] binêkta manjing nagri | lajêng ingastana | nahan Pangran Purbaya | prapta ing Kartasurenjing | tumamèng pura | tusthèng tyas sri bupati ||
103. ikang rayi Pangeran Arya Balitar | ikang kinèn gumanti | nglurugi ing Malang | saha wadya wus budhal | Mantri Gandhèk Angabèi | Wirasantika | dadya tingaling aji ||
104. senapati ing yuda Pangran Balitar | tan kawarna ing margi | prapta Pasuruan | panggih sagung dipatya | wusnya so mangsah tumuli | majêng mring Malang | lan sagunging bupati ||
105. kawarnaa Dipati Wiranagara | lan Radèn Surapati | ri Suradilaga | wusamyarsa[70] pawarta | yèn mungsuhira gêng prapti | nulya sawega | sakathahing prajurit ||
106. Patih Pasuruan wusamaptèng yuda | Ngabèi Lor Ngabèi | Kidul lagya mangkat | arsa mapag ing yuda | ingiring prajurit Bali | aglar ing papan | apanggih padha wani ||
107. wadyèng Pasuruan [Pasu...]
--- [f. 223r] ---
[...ruan] tangkêprit[71] anêba | manêmpuh ngamuk wani | wadyèng Kartasura | sura panggah ing yuda | arame rok silih ukih | wong Pasuruan | binyok-binyan bêdhil |[72]|
108. akèh mati Ngabèi Kidul bramatya | mangsah agya ngawaki | lan Bun Jaladriya | Ngabèi Lor umangsah | lawan Ki Bun Jalapati | Bun Jalalodra | lawan Răngga Jaladri ||
109. Dêmang Gêmpung lawan Arya Jayaningrat | samya ngawaki jurit | Lêmbu Gadrug miwah | Lêmbu Giyêng kalawan | sira Lêmbu Wanasrênggi | samya umangsah | myang Lêmbu Potha-pathi ||
110. mantri kalih wêlas angamuk lir yêksa | kang katêrajang isih | anumbak anigas | rusak wong Kartasura | akèh ikang angêmasi | kang bagna buyar | lumalya rêbut urip ||
111. Pangran Adipatya Purbaya ngandika | hèh sagung para mantri | ngawakana ing prang | sigra sarêng umangsah | sakathahing para mantri | lir saradula | tan ana ngucap ajrih ||
112. mantri Pasuruan karoban ing mêngsah | Ngabèi Lor ngêmasi | de Wirasantika | Ngabèi Kidul pêjah | Arya Jayaningrat mati | murda katigas | Bun Jalalodra mati ||
--- [f. 223v] ---
113. Lêmbu Wanasrênggi Lêmbu Gadrug pêjah | Dêmang Gêmpung ngêmasi | lan Ki Lêmbu Wana- | srênggi sampun katawan | Lêmbu Giyêng angêmasi | wong Kartasura | lir buta rêbut daging ||
114. sirna wadya Pasuruan asasaran | sapatining apatih | tanbuh dèn adua | Rahadèn Surapatya | arsa ngamuk ing ajurit | Dipati Wira- | nagara angadhangi ||
115. para putra lumayu ngungsi jro wana | Susunan Mas winarni | asru kagegeran | kumitir ing tyas agya | budhal minggah ngarga ngungsi | sawadyanira | ngungsi mring Dhungul malih ||
116. praptèng Dhungul abdine kênèng wawêlak | akèh ikang ngêmasi | ya ta Susunan Mas | têdhak maring Balitar | sakèhing wadya kang agring | samya waluya | têntrêm ana ing dasih ||
117. sabêdhahe nagara ing Pasuruan | tanbuh kang dipun ungsi | ya ta Susunan Mas | tansah apagunêman | lan sakèhing para mantri | kadya bramara | lagi angingsêp sari ||
48. Dhandhanggula
1. sangêt sungkawanira ing galih | Susunan Êmas agya anduta | maring kumêndur mantrine | kêkalih kang dèn utus | ginawanan [ginawana...]
--- [f. 224r] ---
[...n] sêrat duta mit | mêsat datan kawarna | ing marga gya rawuh | nagara ing Surabaya | wus apanggih duta kalawan Kumpêni | angaturakên surat ||
2. tinampan agya tinupiksani | wus kadhadha saunining surat | Susunan Êmas karsane | anungkul minta ampun | ing Kumpêni suka ing ati | kumênduris[73] angucap | hèh dutaning ratu | matura ing gustinira | lamun têmên-têmên arsa abêdhami | susunan lawan ingwang ||
3. sun aturi tumêdhak tumuli | maring Surabaya yèn wis prapta | sun jurungi sakarsane | yèn arsa madêg Ratu | Kartasura iya Kumpêni | kangangkat[74] duta nata | anulya tinundhung | mulih sampun sinangonan | pinisalin mêsatan[75] kawarnèng margi | lampahing duta prapta ||
4. ing Dhungulajêng[76] sumiwèngapti[77] | katur sadaya saaturira | kumêndur sawawêkase | langkung suka sang prabu | myarsa aturirèng Kumpêni | sang nata agya dangdan | sawadya myang sunu | kawarna Pangran Balitar | wus anduta maring Susunan Mas aglis | amundhut bêbarkatan ||
5. waos Ki Baru lawan kulambi | Kyai Gondhil dhuwung Ki Balabar | bêndhe Ki
--- [f. 224v] ---
Bicak tunggile | duta lampahe rawuh | ing Dhungulan katur ing aji | ngandikan prapta ngarsa | manêmbah umatur | gusti kawula dinuta | ri paduka Pangran Balitar tur bêkti | konjuk ing pada nata ||
6. lan amundhut wasiyating aji | sakathahe pusakaning Jawa | rama paduka kang akèn | rasukan waos dhuwung | lawan bêndhe Sunan Mas angling | sugal asêmu duka | ing netya arêngu | hèh warahên Si Sudama | yèn dhèwèke kinongkon ing paman aji | amundhut babêrkatan ||
7. dèn antèkna yèn ingsun wis prapti | ing Surabaya ikang pusaka | kabèh padha sun srahake | iya maring gustimu | ingsun lagi arsa nindaki | marang ing Surabaya | lan sawadyaningsun | Kumpêni ngajak pêpanggya | lawan ingwang ing Surabaya bêdhami | duta mit nêmbah mintar ||
8. saungkuring duta gya sang aji | budhal sawadya mring Surabaya | datan winarna lampahe | ing Surabaya rawuh | sigra mapag Kumpêni baris | urmat sampun apanggya | ingaturan mangsuk | mring praja amasanggrahan | susuhunan ing wismanira Dipati | Jangrana ngupasuba ||
9. Kumpêni
--- [f. 225r] ---
urmat anglêliwati | myang Dipati Jangrana kaliwat | dènnya sêsugun ing raje | wratèng pakathik pênuh | enjing sore sêgah waradin | eca tyasing nayaka | Jangrana abukuh | sumiwèng ngarsa narendra | dènira mrih ecaning tyasira aji | myang Kumpêni ajaga ||
10. kumêndur matur lamun suwawi | nuntên tumanduka mring Samarang | apêpanggihana anggèr | lan komasaris besuk | yèn wus rawuh nagri Sêmawis | lajêng mring Kartasura | jinungjung amêngku | karaton ing tanah Jawa | abdi dalêm Kumpêni ikangrosani[78] | pêpukuling ayuda ||
11. langkung tustha ing driya narpati | amiyarsa Kumpêni turira | miwah para punggawane | tan wruh lamun ingapus | nulya ana caraka prapti | saking Pangran Balitar | anagih kang sanggup | samayane Susunan Mas | angandika ing duta sugal awêngis | warahên Si Sudama ||
12. alah dèn jujul ing Surawèsthi | besuk ing nagara Kartasura | kêris ingsun wènèhake | duta mit agya wangsul | tan kawarna ing marga prapti | ngarsanira Pangeran | Balitar duta tur | ing sapangandikanira [sapangandika...]
--- [f. 225v] ---
[...nira] | Susunan Mas katur mimiti mêkasi | pangeran angandika ||
13. yèn wêruha si tuwa nyidrani | ing sanggupe măngsèngsun wangwanga | pasthi ingsun kasap bae | mulane nora tulus | ya Si Kêncèd dènnya dadya ji | tan rahayu ing manah | ujare tan tulus | ya ta malih kawarnaa | Susunan Mas binêkta minggah tumuli | numpak ing palwa kapal ||
14. wadya akathah samya angiring | tumut lan saanak rabinira | myang nata para gêrwane | tan ana ikang kantun | sakathahe pusakèng Jawi | binêktèng minggah palwa | sêmana Sang Prabu | Pakubuwana wus duta | maring Surabaya kang caraka prapti | amundhut Wiraguna ||
15. lawan Arya Mandurarêjèki | Arya Tiron lawan Pulangjiwa | lima Mangunagarane | pinundhut ing kumêndur | tan lênggana karsaning aji | ya ta Susunan Êmas | kang anèng parau | linayarkên mring Jakarta | sinangkalan pêsa[79] guna ngrasa wani |[80] nungkule Sunan Kendhang ||
16. ênêngakna datan winarni |[81] kang wus layar kawarna pangeran | kang mêntas mênang yudane | minggah mring Malang gêmpur | wisma sami dipun bêsmèni | dening wong Balitaran | kang samya kaburu | Dipati Wiranagara | lan para ri samya angungsi wanadri [wana...]
--- [f. 226r] ---
[...dri] | wadya lit kèh katawan ||
17. nagri wetan pan sampun waradin | ya ta wontên arining Dipatya | Pasuruan têtilare | Surapati kang lampus | tilar anak èstri satunggil | katawan wus binêkta | myang punggawa catur | kang pinundhut ing sang nata | Wiraguna sakancane kasrah maring | Pangran Arya Balitar ||
18. Arya Pulangjiwa minggat bêngi | umpêtan anèng ing wanawasa | Dyan Pulangjiwa kalane | jumênêngira prabu | ikang kendhang sinung kêkasih | Pangran Arya Balitar | Dyan Pulangjiwèku | sakendhangira Sunan Mas | têluk maring Kartasura pinundhut ing | sang nata namanira ||
19. karsanira jêng sri narapati | aja mêmadha lawan kang putra | sinung aran arya bae | Pulangjiwa tyasipun | sakit minggat maring Kadhiri | sarêng Sunan Mas mancal | ing palwa pinundhut | malih sangêt ajrihira | katur ing pangeran yèn arya minggat ing | wêngi malbèng ing wana ||
20. sarêng myarsa Pangeran Dipati | Balitar asru duka tumulya | Suralaya Barêbêse | saha wadya tinuduh | angupaya nasak wanadri | Pulangjiwa kapanggya | madyaning wana gung | angamuk wus pinêjahan | Suralaya mundur matur yèn wus mati | katigas pangran [pang...]
--- [f. 226v] ---
[...ran] tustha ||
21. sêmana sampun akarya tulis | hèh ta Kandhuruan Wilatikta | sira muliha dèn age | aturna layang ingsun | ing jêng rama gawanên dhingin | sarupaning boyongan | Si Wiragunèku | Arya Tiron lawan Arya | Mandurarêja kapat gawanên dhingin | lan Si Mangunagara ||
22. poma ing marga dèn ngati-ati | Kandhuruan nêmbah agya budhal | datan cinatur lampahe | ing Kartasura rawuh | tundhuk lawan rêkyana patih | aglis ginawa seba | katur ing sang prabu | tinimbalan manjing pura | prapta ngarsa sang nata angandika ris | sira kinongkon apa ||
23. kang sinung ling matur awotsari | ămba dinuta putra paduka | anuhun duka wiyose | dening sru kamipurun | atur tulis ing paduka ji | mèsêm nata ngandika | ing duta amundhut | surat agya tinupiksa | bêbukaning sêmbah puji tur udani | patikbra mênang ing prang ||
24. angsal barkating paduka aji | nagri ing Malang sampun karurah | ikang mangka pangungsène | wong Pasuruan gêmpur | Ngabèi Lor Kidul ngêmasi | gih pun Wirasantika [Wi...]
--- [f. 227r] ---
[...rasantika] | kang mrajayèng ripu | ênting mantri Pasêdhahan | abdi dalêm Wirasantika Ngabèi | prawira sudirèng prang ||
25. paranakanipun Surapati | pun Surahim malajêng mring wana | satêlase prajurite | rabine kathah kantun | arinipun èstri satunggil | kaatura paduka | sakathahing atur | kabêkta pun Wilatikta | lan pun Arya Mandurarêja tanapi | pun kaki Wiraguna ||
26. kaatura ing paduka aji | Arya Tiron lan Mangunagara | pun Arya Pulangjiwane | kesah minggat ing dalu | asingidan anèng wanadri | dukawula[82] upaya | kapanggih angamuk | milane dhatêng ing pêjah | nagri wetan ing mangke sampun aradin | sami nungkul sadaya ||
27. nging pusaka Jawi tan akari | samya binêkta mring Batawiyah | kawula têdha tan awèh | naranata angungun | dangu-dangu angandika ris | hèh Patih Cakrajaya | ing pangrasaningsun | kabèh pusaka ing Jawa | dèn gawani maring nagara Batawi | nadyan silih êntèka ||
28. ikang padha rupa tumbak kêris | iya nora dadi atiningwang | sok masiha astanane | Sinuhun Adilangu | lan maninge maksiha Masjid [Ma...]
--- [f. 227v] ---
[...sjid] | Dêmak wêruhanira | ya mung roro iku | pusakane nagri Jawa | ikang anggêr hèh Cakrajaya Apatih | wong Gandhèk lampahêna ||
29. maring Malang konên animbali | putraningsun lan sagung pugawa | kabèh timbalana mulèh | kya patih nêmbah mêtu | praptèng wijil pisanimbali[83] | Gandhèk prapta winêkas | satimbalan prabu | mêsat tan kawarnèng marga | lampahira praptèng pabarisan manjing | apanggih lan pangeran ||
30. dhinawuhan timbalaning aji | pangeran agya undhang nayaka | winarah esuk bubare | tan kawarna ing dalu | enjing budhal ing wadya atri | umung swara gumêrah | pêpikul asêlur | para putra ing Madura | agêng alit sadaya sami angiring | ing Pangeran Balitar ||
31. datan kawarna lampahing margi | ya ta prapta praja Kartasura | agya katur i nata ge | tinimbalan umangsuk | miwah sagung para bupati | samya manjing jro sura[84] | tarap anèngayun[85] | manêmbah ing naranata | aris angandika dhuh dening alami | kaki dènnyandon ing prang ||
32. ikang putra matur awotsari | mila alami nèng palurugan | ing manah sangêt ruwêde | gumujêng sang aprabu [a...]
--- [f. 228r] ---
[...prabu] | myarsa aturira kang siwi | rinangkul tur ingaras- | aras ikang êmbun | adhuh kaki putraningwang | sun tan nyana yèn sira widagdyèng jurit | ikang putra manêmbah ||
33. pangeran agya tinundhung mulih | myang sakèhe kang para punggawa | angiring pangran wêdale | samya suka tyasipun | panagari[86] sampun aradin | tan ana kang malanga | sêmana sang prabu | ing dina Soma sineba | pêpêk andhèr kang para putra anangkil | andhèr ing ngarsa nata ||
34. Tumênggung Cakrajaya Apatih | anèngarsa lan sagung punggawa | jawi jro sumiwa kabèh | Dêmang Rănggarya sukup | Tăndha Kandhuruan Ngabèi | jêjêl ing pasewakan | gêng alit supênuh | pasisir măncanêgara | ikang saking anglurug wusamya nangkil | jêjêl ing pagêlaran ||
35. pinarêk ing dhêdhampar sang aji | para nayaka bukuh sadaya | konjêm pratala lungguhe | angandika sang prabu | hèh ya Cakrajaya Apatih | mêngko Si Citrasoma | sun jungjung lêlungguh | sun jênêngakên Dipatya | Citrasoma Japara sun wèhi nagri | lan Si Wirasantika ||
36. iku iya sun karya bupati | ingsun ganjar nagara ing Jipang | sarta lawan jêjuluke |
--- [f. 228v] ---
jumênênga Tumênggung | Surawijaya sun srahi |[87] angrèh măncanêgara | saparo Tumênggung | Surawijaya ing Jipang | wadanane sisiha Si Pranaragi | lawan Si Jayaningrat ||
37. iku iya sun karya Bupati | Pakalongan iya jumênênga | Dipati Jayaningrate | Si Pusparuditèku | ingsun ganjar Batang nêgari | sarta sun wèhi aran | namaa Tumênggung | Puspanagara ing Batang | lan Si Wirasasmita sun patêdhani | nêgara Ngwirasaba ||
38. Pangran Balitar matur ngabêkti | pun paman Cakraningrat atilar | putra ikang sêpuh dhewe | ran Sasranêgarèku | dening wayahipun kêkalih | sami jalu punika | gih patutanipun | saking pun bibi têriman | kaatura ing pada paduka aji | mèsêm aris ngandika ||
39. hèh Tumênggung Cakrajaya nagri | ing Madura paranên têtiga | ingkang rong duman anake | ikang saduman putu | karo ingsun wèhi kêkasih | Radèn Suryawinata | Sasrawinatèku | anadene kang rong duman | ikang tuwa yogya sun srahi nêgari | gumantia ing Sampang ||
40. sarta ingsun paringi kêkasih | jumênênga Pangran Cakraningrat | hèh Cakrajaya maninge | Si
--- [f. 229r] ---
Wiraguna iku | karo Si Mandurarêjèki | karo anaa ringwang | Mangunêgarèku | lan Si Arya Tiron lihna | kêkasihe arana Cêcayudèki[88] | lah Si Mangunagara ||
41. arana Martadipa anuli | sinrahakên Pangeran Dipatya | sang nata pangandikane | ya Si Wiragunèku | ingsun alih aranirèki | rana Diramênggala | dening ta Ki Wabru | ing Pathi sinungkên Pangran | Purubaya dening Ki Panji Tohpati | sinungakên Pangeran ||
42. Balitar nulya jêngkar sang aji | angadhatyan sagunging pugawa | aluwaran bubar mulèh | nêngêna sang aprabu | komasaris ikang winarni | saundurira aprang | Pasuruan laju | mring nagari Batawiyah | abicara lan sagung para Rat Fêni | pêpêk ing ngarsa jendral ||
43. lamun dipati ing Surawèsthi | kala apêrang ing Pasuruan | ingaran mirong karsane | para Rat Fêni rêmbug | jendral ngaturana kintaki | ing Nata Kartasura | nuhun pêjahipun | Jangrana ing Surabaya | upamine sang nata tan anglilani | rêmbagira sadaya ||
44. sêdya mutung tan arsa badhami | duta Kumpêni sampun umêsat | datan kawarna lampahe | praptèng Samarang laju | maring Kartasura
--- [f. 229v] ---
apanggih | kapitan wusnya bilang | sigra asung wêruh | mring Tumênggung Cakrajaya | sinamayan ing ari pagiha[89] patih | seba ing naranata ||
45. tan kawarna solahirèng wêngi | enjing apatih mangkat aseba | mampir ing loji lampahe | kapitan agya tumut | gawa surat manjing jro puri | prapta ing Srimangantya | ikang surat katur | ing nata gya tinupiksa | saèsthine kang surat saking Batawi | wus kadriya ing nata ||
46. mutadane jendral ing Batawi | anênuhun patine Jangrana | maleca ing prang dosane | kathah-kathah turipun | kagyat ing tyasira narpati | myarsa ungêling surat | sru duka ing kalbu | sumung-sumung kang wadana | winga-winga sinamun ing tyasira ji | garaping pangandika ||
47. hèh Cakrajaya gawanên mijil | si kapitan ja susah ing nala | lah iya ingsun pikire | apatih sigra mêtu | lan kapitan wusamya mulih | ya ta kawarnèng pura | sira sang aprabu | sêmana arsa pahêman | dalu animbali Cakrajaya Patih | kalawan Citrasoma ||
48. Wirancana tri wusamya manjing | pura munggèng ingarsa narendra | atari ris andikane | hèh kapriye karêpmu | Cakrajaya [Ca...]
--- [f. 230r] ---
[...krajaya] prakarèng tulis | lêwih awrat ing nala | Wêlănda anjaluk | patine Si Adipatya | Jangrana iku paku ing nagari |[90] saksat sariraningwang ||
49. iya iku bauningsun kèri | têngên adhi Madura wus pêjah | kari bau kiwa bae | yèn tulusa jinaluk | ing Walănda tan cêla Patih | Cakrajaya manêmbah | datan sagêd matur | myang Dipati Citrasoma | Wirancana samya sumungkêm ing siti | sang nata angandika ||
50. hèh Cakrajaya yèn ingsun pikir | Si Jangrana mungguhing Walănda | liwat akêdhik dosane | apadene maringsun | Si Jangrana tan duwe sisip | yèn mêngkono apatya | utusana gupuh | mring Ki Besan ing Sêmarang | lah pundhutên rêmbuge ikang abêcik | kang patut linakonan ||
51. dening surat kang têka Batawi | angsulana lah sira warahna | aja kawatir atine | lagi padha sun rêmbug | lan punggawaningsun kang bêcik | krana Si Adipatya | Surabaya apêngkuh |[91] maksih anèng Surabaya | kinasapa agawe rusaking alit | warahêna ing layang ||
52. yèn agêdhe praja Surawèsthi | lawan akondhang bandhu santana | sugih [su...]
--- [f. 230v] ---
[...gih] bala prajurite | lah wis mêtua gupuh | layang ikang maring Samawis | anuli lakokêna | patih nêmbah mêtu | punggawa kalih tut wuntat | punggawa tri sapraptanira ing jawi | Apatih Cakrajaya ||
53. panggya lawan dutaning Kumpêni | wusinung srat dalêm agya mêsat | Cakrajaya anduta ge | mring Sêmarang kang laku | dhadhêmitan miwah kang maring | Jangrana srat ing patya | pan sampun lumaku | dutaning Kumpêni prapta | ing Sêmarang komasaris agya tampi | srat nata tinupiksa ||
54. langkung tustha ing tyas komasaris | amiyarsa wirasaning surat | ngrasa lamun angsal gawe | linajêngakên gupuh | surat maring nagri Batawi | kawarna duta ikang | mring Samarang rawuh | panggih lawan Adipatya | Suraadimênggala gêpah atampi | surat gya tinupiksa ||
55. kagyat angungun sira Dipati | Suradimênggala ngusap jaja | dipati nênulis age | sinungkên duta mundur | mêsat datan kawarnèng margi | prapta ing Kartasura | ikang surat katur | ing nata gya tinupiksa | atur sêmbahipun Dipati Sêmawis | prakawis padukendra ||
56. mundhut aturipun ingkang abdi | dening pun Kumpêni ing mangkya |[92]
--- [f. 231r] ---
anênuhun ing pêjahe | Dipati Surèngkewuh | langkung èwêd rasaning galih | dening datanpa dosa | upami sang prabu | maringna kalangkung siha | lan punika dados mênggalaning nagri | pikukuhing nêgara ||
57. yèn tan sukaa paduka aji | yêkti awon dhumatêng pun jendral | Kumpêni sangêt pamrihe | ambêbeka kalangkung | naranata kèndêl tan angling | kawêngan ing wardaya | tan pêgat angungun | nahan gantia kawarna | caraka kang maring Surabaya prapti | cundhuk lan adipatya ||
58. surat dalêm agya dèn tampèni | tinupiksa saèsthining surat | dipatya kagyat ing tyase | anjêngêr tan amuwus | wasana ngling akènimbali[93] | mantrinira panuwa | andêling rèh lêmbut | ran Dêmang Wiratantaha | wigya ing graita waspada ing wadi | widagdya sipta maya ||
59. Wiratantaha puniku dhingin | kang pêputra Tumênggung Sapanjang | sang dipati sangêt sihe | prapta ing ngarsanipun | atanapi kang para ari | Arya Jayapuspita | lawan arinipun | sira Panji Surèngrana | ana malih arine ikang wuragil | ran Panji Kartayuda ||
60. têtiga samya sinungan [si...]
--- [f. 231v] ---
[...nungan] uning | surat dalêm ingkang lagi prapta | wus kadriya saèsthine | ikang rayi umatur | yèn suwawi linawan jurit | lêng matia mrêgagah | wontên umukipun | paduka pan ora dosa | ing narendra saking alane si kapir | dahat dening niaya ||
61. suwawi pinagut ing ajurit | suka tumpêsa madyaning rana | nging Dêmang Tantaha ture | dhuh sang dipatya sampun | mapag ing prang rusakang[94] kari | lingira sang dipatya | abênêr aturmu | sanadyan ingsun pêjaha | sun labuhi nanging ari-ari mami | kang kari wibawaa ||
62. ikang rayi katri miyarsa ngling | parêng nangis anungkêmi pada | amlasasih sêsambate | dhuh dawêg sami ngamuk | suka pêjah madyaning jurit | datan arsa wibawa | lêhêng parêng lêbur | ngandika ris adipatya | asmu waspa lah sira mênênga yayi | măngsa bodho wong tuwa ||
63. mila dipati kêdah nglabuhi | karsa nata bilih kawanguran | marang Kumpêni ing têmbe | tan wande ura-uru | têmah rusak galihira ji | myang Ki Dêmang Tantaha | sangêt aturipun | yèn paduka amrêgagah | datan kalap anak putu ikang kari |
--- [f. 232r] ---
ing sawingking paduka ||
64. pasthi kaliya ing Surawèsthi | wus arêmbug lawan sang dipatya | wusamapta sawadyane | budhal sakadangipun | tan kawarna lampahing margi | prapta ing Kartasura | sawadya anjujug | wismane Kasurabayan | kacarita prapta sampun kalih sasi | datan ana bicara ||
65. ya ta kawarnaa komasaris | prapta maring praja Kartasura | katur ing nata lampahe | ngatas dènnya nênuhun | langkung èmêng tyasira aji | Adipati Jangrana | tan pêgatinantun[95] | ing nata saaturira | adipati sêdya nglabuhi pribadi | katur ing pêjahira ||
66. panuhunipun dhatêng sang aji | adipati nagri Surabaya | ikang dipun saosake | arine kang tumutur | Arya Jayapuspita nênggih | yèn amarêngi karsa | mangkana cinatur | sira Dipati Jangrana | sabên dina so enjing ararêsik |[96] madhêp ing karsa nata ||
67. sêmana nuju dina Rêspati | pênuh para punggawa sewaka | satriya prawira andhèr | Dipati Jangranèku | lagi prapta para ri ngiring | myang para mantrinira | sawusira lungguh | tinimbalan maring pura | Jangrana gya ing kamandhungan wus prati[97] | sigra Ki Gêrwakăndha [Gêrwa...]
--- [f. 232v] ---
[...kăndha] ||
68. Lurah Martalulut wus winangsit | lawan Lêlurah Singanagara | Ki Nayagêrwa wastane | kalih anarik dhuwung | Jangrana gya sinuduk wani | jajane wus palastra | pra mantri jro nuduk | kawarna kang anèng jaba | Arya Jayapuspita wikan ing wadi | raka dangu tan mêdal ||
69. sigra dènnya angêjèpi dasih | asamapta wong ing Surabaya | tangkêp para prajurite | kang anèng pondhok bubul | wong Saragni lan Talangpati | prapta baris pagongan | arsa soroh amuk | watara wong kalih nambang | pra punggawa Kartasura ngati-ati | anarka dadi yuda ||
70. Tumênggung Sumabrata umijil | saking pura dhawuhkên timbalan | ing Arya Japuspita ge | timbalane sang prabu | amupusa karsaning Widi | patine kakangira | tanpa dosa tuhu | uripe agawe raja | mêngko mati angartakakênêgari[98] | sira kang gumantia ||
71. sira jumênênga Adipati | Surabaya ja dadi tyasira | Ki Arya sapamyarsane | timbalanira prabu | waspanira adrês kang mijil | krodhanira sinapyan | wusnya arawat luh | sirarya Jayapuspita |
--- [f. 233r] ---
abêbisik marang Ki Sumabrata ris | kawula aturêna ||
72. yèn kawula sampun wruh ing wadi | pêjahe pun kakang adipatya | wong asikara margine | kawularsa angamuk | anglabuhi lawan kang dasih | Surabaya sadaya | abela ing pupuh | sêdyambyur tasik pawaka | yèn kalilan ing nata sadina mangkin | kawularsa ngrabasa ||
73. Sumabrata mêsat manjing puri | katur ing nata saaturira | sang nata èmêng driyane | animbali Pangulu | Suranata lan para Kêtih[99] | prapadikan sadaya | para tapa juru | kabèh kinèn andêdonga | ing Pangeran kapindho marang duta di | liliha ikang krodha ||
74. Sumabrata gya tinuding mijil | panggih lan Arya Jayapuspita | hèh Arya titbalan[100] raje | tan arsa yèn sirèku | maksih baris ing păncaniti | wikan mangkin yèn dika | wus mijil sawadu | Arya gya nolih ing wadya | bubar ikang baris gumalêndhêng mijil | lampahira atata ||
75. kadya amilang tindak aririh | tan ana lawung gathik satunggal | atatag têkan sikêpe | nora nana wong watuk | miwah ikang tolih-tinolih [tolih-tino...]
--- [f. 233v] ---
[...lih] | lan padha rewangira | arêmpêg ing laku | sapraptanira ing marga | sakiduling masjid gêng sarêng anolih | sakathahing gêgaman ||
76. majêng alun-alun dènnya baris | tan owah tataning kang gêgaman | sawiji tan ana mulèh | marang ing pondhokipun | gêgêr baris mêpêti margi | kadya prawata sêkar | katur ing sang prabu | langkung wagugên ing driya | dening Arya pêksanira lêbu gêni | bela ing kadangira ||
77. suka matia aprang lan kapir | dening kalintang dènnya niaya | Ki Arya sangêt hruntike[101] | mangkana sang aprabu | andhawuhi timbalan malih | Lurah Gandhèk wus mêdal | panggyarya dhumawuh | timbalanira narendra | hèh sirarya sira budhala tumuli | karsane sri narendra ||
78. abêngganga têkèng păncaniti | aja kasompokên barisira | sira amriha ombère | manawa sang aprabu | angrojongi maring sirèki | mangkya pan ora arsa | Ki Arya tumungkul | duk budhal saking pondhokan | lingsir kilèn anggêgêr baris ing margi | praptèng surup tan obah ||
79. budhal sawadya lampahira ris | ngalèr ngilèn atata lakunya | arêmpêg praptèng Pakundhèn [Paku...]
--- [f. 234r] ---
[...ndhèn] | kèndêl kasaput dalu | ana dutaning nata prapti | piyak sagung gêgaman | dutanira prabu | Ki Tumênggung Sumabrata | lan Ki Răngga Wanèngjiwa tan amawi | rewang adhadhêmitan ||
80. lan ambêkta tadhahan kêkalih | isi surat kalawan busana | wusamya pinaringake | lan arta kalih èwu | surat dalêm tinupiksa glis | saèsthine kadriya | Ki Arya asujud | sumungkêm anguswa tala | satangine Ki Arya asêmu tangis | sarwi atêbah jaja ||
81. sawusira mundur drêsana ji | Sumabrata lawan Wanèngjiwa | wus prapta ing jro pura ge | marêk ing ngarsa prabu | sasolahe Arya wus ênting | katur ing naranata | tan kawarnèng dalu | enjing wadyèng Surabaya | budhal umung sinêngkalan pêsa mantri | ngobahakên bantala |[102]|
82. tan kawarna ing marga wus prapti | ing Surabaya sira Ki Arya | Jayapuspita solahe | manggung amangan nginum | anggêgabah sagung prajurit | karya wong Dulangmangap | binoga wong sèwu | wong Talangpati sanambang | sasêliran lènte kang asikêp bêdhil | sèwu awarêg dana ||
83. busananira samya sri-asri | nahan ingkang lagya
--- [f. 234v] ---
boga wadya | ya ta kawarna sang raje | onêng ing tyasinamun[103] | patine Jangrana Dipati | jinaluk ing Wêlănda | sang nata kaduwung | ngrasa tan duwe mênggala | ing tyas wiyang Ratu Mas angudanèni | yènata ngêmu duka ||
84. Ratu Mas matur angasih-asih | punapa ikang dadi rudita | sang nata ris andikane | wruhanira kang lampus | Si Jangrana ing Surawèsthi | ika bauku kiwa | agul-agul ingsun | mêngko binikèng Wêlănda | yêkti cêla panjênênganingsun aji | praja tanpa mênggala ||
85. yèn patuta kaya sun belani | Ratu Mas myarsa susah ing driya | ngrarêpa aris ature | dhuh kakang sang aprabu | pan kawula nanêdha ugi | dèn angeman ing putra | ingka[104] wêkasipun | swargine eyang jêng sultan | ing Mataram ngandika lamun Kumpêni | milya misesèng Jawa ||
86. lagi eca atimbalan angling | sang nata lan pramèswarinira | kasaru wau lêbune | patih tur wikan lamun | ingkang paman prapta ing jangji | Pangranatakusuma[105] | sang nata angungun | patih ngandikan mring ngarsa | angandika aris sang sri narapati | satinggale si paman ||
87. anake
--- [f. 235r] ---
sira gêntèkna patih | ing salêlakone si paman |[106] sarta sun alih jênênge | Pangran Pringgalayèku | aja owah linggihe dhimin | patih manêmbah mêdal | undhang-undhang wadu | yèn Pangran Natakusuma | kagantyan ing siwi sinungan kêkasih | Pangeran Pringgalaya ||
88. aparentah sang sri narapati | luwang karta Mataram kinarya | bumi gêdhe mulih gêdhe | myang Numbakanyar sèwu | wong Panumping Bumija bumi | samya ulih-ulihan | mantri guna rêtu | tunggal warsa Nginta-inta |[107] kacarita ana wong umadêg baris | awasta Ki Mas Dana ||
89. wus andadi agêng ikang baris | suyud kang wong Mataram sadaya | Mas Dana pangidhêpane | ingkang malang ginêpuk | gêgunungan desa samya jrih | agya katur ing Jaya- | winata agupuh | Ki Mas Dana linurugan | campuh ing prang Jayawinata kalindhih | wongira kathah pêjah ||
90. Dêmang Jayawinata anggêndring | palayune maring Kartasura | sêdya tur uningèng raje | Mas Dana kang winuwus | wus akarya punggawa mantri | akèh patinggi desa | kang nama tumênggung | wus andadi barisira | Dêmang Jayawinata ikang winarni | prapta ing Kartasura [Kartasu...]
--- [f. 235v] ---
[...ra] ||
91. agya katur dhatêng sri bupati | yèn mantune Gêdhe Pacukilan | ing mangke ngadêg barise | Nginta-inta gènipun | suyud sagung tiyang Matawis | sang nata langkung duka | gya kinèn anuduh | sakèhing nayaka jaba | nulya budhal ikang kinarya têtindhih | Pangeran Pringgalaya ||
92. timbalanira sri narapati | yèn Ki Dana kacandhak ing rana | dèn gawaa urip bae | sang nata arsa wêruh | lan punaginira nêrpati | yèn prapta ing nagara | urip Ki Danèku | kinarya pangewan-ewan | rinampog ing êdom ring wong sanêgari | kawarna kang lumakya ||
93. Pangran Pringgalaya sawadya tri | praptèng Nginta-inta campuh ing prang | punggawa ngawaki kabèh | pan timbalan sang prabu | Pangran Pringgalaya ngawaki | wong karaman kèh pêjah | Mas Dana katumpu | kacandhak gêsang ginawa | mundur maring Kartasura wadya alit | akathah ingkang pêjah ||
94. kuwunira sampun dèn obongi | samya tinawan pawèstrinira | budhal tan wêktyan lampahe | ing Kartasura rawuh | katur ing sang nata sira glis | Dana kinèn ngugêra | ing waringin kurung | undhang kinèn [ki...]
--- [f. 236r] ---
[...nèn] angrampoga | êdom wong Kaparak ikang amiwiti | gumanti Gêdhong Kriya ||
95. wusnya Gêdhong nulya wadya Jawi | ingundhangakên wong sanêgara | gêdhe cili ngrampog kabèh | kacatur tigang dalu | tigang dina jisime maksih | gilang-gilang kinênthang | anèng alun-alun | sigra tinigas murdanya | wus pinanjêr gagêmbungira tumuli | pinêtak anèng indra ||
96. ganti warsa kang kawarna malih | martuwane Mas Dana kang pêjah | Gêgdhe[108] Pacukilan rane | katur dhatêng sang prabu | yèn ing mangke sêdya belani | ing mantu nêdya băngga | madêg barisipun | agya sira linurugan | ing punggawa Kartasura sapraptaning | Pacukilan apanggya ||
97. saking dorane kang atur uning | pan Ki Gêdhe datan munasika | sêmana arsa mêmule | Ki Gêdhe sangêt gugup | duk cinêkêl ing pra dipati | tinigas ikang murda | lan saanakipun | kabèh padha pinêjahan | tunggal warsa Kartanagara giningsir | saking lêlungguhira ||
98. minarenan dènnya dadi patih | pan kinarya wadana panêkar | duk awindu sangkalane | warsa guna yag purun |[109] patih sampun dadi sawiji | Tumênggung Cakrajaya | gènira
--- [f. 236v] ---
ngalumpuk | anguyuni tanah Jawa | tunggil warsa duk Wirancana tinuding | mangun ing masjidêmak[110] ||
99. sirapira kinèn anyalini | barang dandanan kang samya luwas | kinèn nyalinana kabèh | ginawan arta sèwu | tigang wulan laminya gèning | jênêngi wusnya rumat | mulih saha wadu | Ki Tumênggung Wirancana | anèng wisma tan alama angêmasi | sangêt angungunata[111] ||
100. duk uripe Kya Wirancanèki | têtindhihing wadya Gêdhong Kiwa | Têngên miwah Kaparake | satunggal tunggulipun | putra nata Pangran Dipati | Balitar kang winarna | wau ikang lampus | Ki Tumênggung Wirancana | têtilare sawiji lu samya maksih | anom bodho ing karya ||
101. milanipun ora anggêntèni | maring ramane karsa narendra | inganti dhingin dhêngêre | kinèn mulang ginadhuh- | akên dhatêng Kartanêgari | iku pakèning nata | gantia winuwus | pambalike ing Winongan | Radèn Tirtakusuma umadêg baris | anggitik Pasuruan ||
102. kang jumênêng Pasuruan nagri | akêkasih Tumênggung
--- [f. 237r] ---
Jadita | dadine kala bêdhahe | Pasuruan tinandur | dening iku ikang taliti | Ki Tumênggung Jadita | sêmana kaplayu | dening wadya ing Winongan | nagri Pasuruan sampun dèn anciki | marang Tirtakusuma ||
103. sampun katur dhatêng sri bupati | yèn rahadèn ing Tirtakusuma | sampun yakin pambalike | sang nata sangêt bêndu | sêmana gya akèn anggitik | Kyai Tumênggung Karta- | nagara tinuduh | anglurugi Pasuruan | sakancane lan sagung wadya pasisir | wetan ingkang ginawa ||
104. datan winarna lampahing margi | Tumênggung Kartanagara prapta | ing Winongan sakancane | campuh ing prang kalangkung | rame akèh wadya ngêmasi | kacatur tigang căndra | bêdhah kuthanipun | ing Winongan ingobaran | wêkaning Tirtakusuma lanang siji | lan pra rabi katawan ||
105. putranira awasta Mas Khaji | Radèn Tirtakusuma lumalya | mring Lumajang pangungsène | wong Kartasura mundur | mulih datan kawarnèng margi | prapta gya pinêjahan | anèng alun-alun | sira Tumênggung Jadita |
--- [f. 237v] ---
dosanira tiwas angrêksa nêgari | wus ganti warsanira ||
106. ya ta ikang kawarnaa malih | Jayapuspita ing Surabaya | dènnya gumanti kakange | amung seba samulud | wadya kinrig kacatur tulis | prajurit Surabaya | jangkêp tigang èwu | ingkang samya sasêliran | Saragêni rong nambang myang Talangpati | samya kre gagênderan ||
107. sikêp mamas binang lawan jinggring | kapurancak lawan tumpêr ingas | wêrgu tulup lan bung ampèl | myang para mantrinipun | miwah arinira kêkalih | Apanji Surèngrana | ari kang wuruju | aran Panji Kartayuda | ari kalih nyèwu sewang kang prajurit | binêtèng Kartasura ||
108. katur dhatêng sang sri narapati | lamun Jayapuspita sawega | sang nata suka ing tyase | undhang-undhang ing wadu | sasêlutan ukiran dasih | gêng alit samya nganggya | ukiran sinêlut | kancana miwah salaka | Arya Jayapuspita datan alami | anèng ing Kartasura ||
109. agya mulih tan kawarnèng margi | sapraptane nagri Surabaya |
--- [f. 238r] ---
tan aseba manèh-manèh | rêmbug sakadangipun | angulari marganing jurit | mangkana ingutusan | nênggih kang lumaku | Ki Tumênggung Sumabrata | kanêmantri[112] jêro kang dinutèng aji | aran Diramênggala ||
110. samadya sasi nèng Surawèsthi | duta ji dening Arya sêmaya | tansah nănggakrama bae | duta èmêng gya mantuk | maring Kartasura wus prapti | katur sasolahira | dhumatêng sang prabu | agya nimbali apatya | kèn pracayèng Sêmarang yèn Surawèsthi | amogok arsa băngga ||
111. patih umêdal agya anuding | mring Sêmarang dutanira mêsat | amundhi surating raje | nahan ingkang winuwus | Arya Jayapuspitèng uni | saungkure dutendra | akèn ngarinipun | sira Ki Panji Lamongan | mulih maring Lamongan arsa awiwit | wusawega sawadya ||
112. ing Garêsikang[113] arsa ginitik | tinuju saking Giri inggahnya | wong Lamongan panglanggare | biting jangkêp satèngsu | nora bêdhah wadya Garêsik | pêngkuh anèng
--- [f. 238v] ---
jro jagang | gantia winuwus | duta ji praptèng Sêmarang | surat dalêm wus dhinawuhakên maring | kumêndur anupiksa ||
113. urmat mariyêm akathah muni | kumêndur agya akèn sawega | palwa wus sinaosake | agya numpakumêndur[114] | mangkat layar mring Surawèsthi | kêbat lampahing palwa | manggih dhaya laut | kumêndur lampahe prapta | nagri Surabaya pan sampun apanggih | lawan Jayapuspita ||
114. kumêndur tanya pan ora olih | marang Ki Arya Jayapuspita | prakara Panji polahe | Jayapuspita tambuh | datan wikan purwaning jurit | kumêndur langkung kewran | mangkana pinatut | biting Garêsik binubrah | gya kumêndur mulih mring Sêmarang Panji | Surèngrana mèt sraya ||
115. duta marang nêgara ing Bali | lajêng winêdalan ing samodra | Dewa Kaloran srayane | wong Garêsikatungkul[115] | mungsuh têka ing têngah wêngi | gègère apuyêngan | akèh kang kacakup | wadya mawur asasaran [asasa...]
--- [f. 239r] ---
[...ran] | sabêdhahe Garêsik anulya mulih | sira Dewa Kaloran ||
116. maring Bali Ki Dewa sangadi | wangsul malih Ki Panji akathah | anggawani rêrubane | kang katur ing dewa gung | Ki Kaloran prapta ing Bali | nahan ingkang kawarna | ing Surabayèku | Dipati Jayapuspita | karya tăndha akèn ngadêgakên baris | angirupi pra mănca ||
117. Panji Kartayuda kang tinuding | anggêcak nagri măncanagara | mangkat sawadyabalane | gawa prajurit sèwu | nagri Japan tinuju dhingin | tan anglawani yuda | tundhuk lajêng nungkul | ing Japan sampun kancikan | tan alami anèng Japan tan alami | lajêng mring Wirasaba ||
118. wong Wirasaba sami angili | dipatine angumul pring[116] Daha | Kartayuda sapraptane | ing Wirasaba suwung | lajêng tinanêman dipati | Apanji Kartayuda | lampahira laju | arsa angrurah ing Daha | wong Kêdhiri sanegarsa mapag jurit | ajêng-ajêngan ing prang ||
119. nahan ingkang kawarna Ki Panji | Lamongan ingkang arsa angrurah | ing Sidayu prang arame | bêdhah nagri Sidayu | wusnya mundur sira Apanji | mingêr angrurah Jipang | pinapag ing pupuh | lajêng campuh ing ayuda | wong
--- [f. 239v] ---
ing Jipang kalindhih gya gumingsir |[117] gugup ing yudanira ||
120. Tumênggung Surawijaya mijil | kadêrojog anêrajang mêngsah | gugup sakala ingsêre | dadya tan angsal kiwul | wong Lamongan wusamya bali | angrabasa ing Tuban | wong Lamongan rawuh | ing Tuban campuh ing yuda | wong ing Tuban dèn amuk sadaya gusis | kuthanira kancikan ||
121. kawarnaa kang anèng Kadhiri | campuh ing prang Panji Kartayuda | tinadhahan rame prange | wong Surabaya ambruk | ngamuk rampak sarêng angukih | wong Kadhiri kasoran | bêdhah kuthanipun | suyud sagung wong bang wetan | padha nungkul tan ana wani nglawani | ing Panji Kartayuda ||
122. nahan gantia ikang winarni | Kartasura nuju dina Soma | miyos sineba sang raje | andhèr Dêmang Tumênggung | Răngga Arya Tăndha Ngabèi | andhèr para santana | Pratiwa Nung-anung | Ki Tumênggung Cakrajaya | munggèngarsa manêmbah umatur aris | kawula tur uninga ||
123. nagari dalêm ing Surawèsthi | abdi dalêm pun Jayapuspita | mangke tulus pangadêge | sampun angirup-irup | abdi dalêmăncanagari[118] | bang wetan ginêcêkan | myang pasisiripun | nagri Sidajêng kabêdhah |
--- [f. 240r] ---
myang ing Tuban ing Jipang sampun kalindhih | pun Kadhiri kancikan ||
124. kagyat ing driya sri narapati | asru ngandika sira apatya | apracayaa dèn age | ya marang si kumêndur | yèn ing Surabaya ambalik | lan sira sawegaa | dadia wakilku | lakunira ya mêtua | pasisir lor ngirida sagung pasisir | dening măncanagara ||
125. Si Tumênggung Kartanagarèki | kang sun tuduh angirid gêgaman | mêtua kidul lakune | lawan sira dèn gupuh | amundhuta bala Kumpêni | patih manêmbah mêdal | undhang-undhang sagung | punggawa sigra amatah | mantri ikang dinuta maring Samawis | wong Kartasura dandan ||
126. gêgancangan kang maring Samawis | duta nata tan kawarnèng marga | praptèng Samarang lampahe | srat dhawuh ing kumêndur | tinupiksa mutadèng tulis | kumêndur kagyat ing tyas | angundhangi wadu | Kumpêni samya sawega | gya kumêndur wèh uning maring Batawi | dutane gya umêsat ||
127. tan kawarna solahing Sêmawis | Kartasura Kya Kartanagara | mangkat dhingini lampahe | mêdal têngahan laju | ngirid sagung măncanagari | Tumênggung Cakrajaya | wusampatèng[119] wadu | nganti Kumpêni Sêmarang |
--- [f. 240v] ---
kumêndur wus anduta wèh uning patih | prajangji angkatira ||
128. Tumênggung Cakrajaya tumuli | mangkat sawadya mêdal Sêmarang | asri umung gêgamane | myang para punggawa nung | tan kawarna lampahing margi | praptèng nagri Sêmarang | gantia winuwus | Tumênggung Kartanagara | praptèng têpis iring Jipang lawas nganti | ing wong măncanêgara ||
129. pakumpulan ing Jipang nêgari | Răngga Madiun lan Kamagêtan | Kaduwang Jagaragane | Balora lan ing Warung | mung Grobogan punggawa kalih | piniji milyèng patya | kang mêdal ing laut | Kumpêni lawan apatya | Radèn Suryawinata mêdal pasisir | lawan Sasrawinata ||
130. Radèn Suryawinata myang ari | Sasrawinata pan wayahira | Panêmbahan Madurane | dhingin sinung lêlungguh | ing Madura saduman anging | tan lami tinimbalan | dhatêng sang aprabu | pinaringan Gêrobogan | nahan ganti ingkang kawarnaa malih | Kyai Kartanêgara ||
131. wusamya ayun-ayunan jurit | kalawan Apanji Surèngrana | nèng Majaranu barise | tan antara Tumênggung | Jipang Surawijaya nunggil | lawan Kartanagara | agêng barisipun | Surawijaya sawega [sawe...]
--- [f. 241r] ---
[...ga] | saha wadya măncanagara cumawis | budhal arsa umangsah ||
132. Tumênggung Kartanêgarèng wuri | mangka senapatining ayuda | apanggih samya surane | campuh ing prang gumrudug | swaraning kang sanjata muni | surakadya ampuhan | wanèh campuh lawung | kalangkung ramening yuda | sikêping prang tan ana angucap ajrih | tan anêdya mundura ||
49. Durma
1. Panji Surèngrana rame dènnya aprang | lan wong măncanêgari | myang wong Kartasura | akathah kang palastra | nanging datan winigati | padha suranya | sapih kasaput wêngi ||
2. kutha Jipang sêmana sampun kancikan | mring wong Kartasurèki | Panji Surèngrana | mundur ing prajanira | sigra na wong atur uning | yènagri[120] Tuban | mangkya kancikan maning ||
3. dening Răngga Sidayu gawa nayaka | pasisir Kudus Pathi | Rêmbang lan Juwana | dèn irid ing Ki Răngga | Sidayu nahan winarni | Dewa Kaloran | srayanira Ki Panji ||
4. prapta saha gawa prajurit têtiga | anjujug ing Garêsik | sikêping ayuda | pitung atus kèhira | punggawanira kêkasih | Ki Dewa Soka | Dewa Made satunggil ||
5. Dewa
--- [f. 241v] ---
Bagus satunggal kêkasihira | Surèngrana manggihi | mring Garêsik panggya | samya aparêmbagan | wusnya rêmbagya[121] Apanji | Surèngranarsa | banjêl mring Jipang nagri ||
6. sikêping wong Bali satus kang ginawa | ana wong Grêsik siji | Jragan Bali rannya | sugih wong têtumbasan | dêdêgira gêng ainggil | agêng tyasira | kaduk sura bèr budi ||
7. tate aprang ing laut miwah ing dharat | ginawa mring Apanji | Surèngrana mangsah | aprang marang ing Jipang | rabine Juragan Bali | ginadhe samya | anèng ing Surawèsthi ||
8. pra punggawa Bali ikang para dewa | samya kari Garêsik | Panji Surèngrana | mangkat sawadyanira | pangarsa Juragan Bali | datan kawarna | lampahing marga prapti ||
9. Jipang campuh ing prang wadya Kartasura | myang wong măncanêgari | têtindhihing yuda | sira Tumênggung Jipang | rame têmpuhing ajurit | sigra umangsah | ing prang Juragan Bali ||
10. mudhun saking kuda ngamuk sarewangya | tandangira ngajrihi | lir yaksa mamăngsa | wong Jipang akèh pêjah | myang te wong măncanêgari | pating balêsar | lumayu tan apulih ||
11. wong ing Kartasura mundur barisira | kumpul măncanêgari | mingsêr kilèn kitha | ing Barongkol wastanya | têtêp samya
--- [f. 242r] ---
abêbiting | kitha ing Jipang | kancikan ing Ki Panji ||
12. nulya ana caraka prapta tur wikan | yèn ing Sidayu nagri | ing mangke kancikan | malih dening pun Răngga | Sidayu ngirid wong Tubin | Rêmbang Juwana | sigra Juragan Bali ||
13. kinèn mangsah ing yuda wus ginawanan | sèkêt prajurit Bali | mangkat sarewangya | tan kawarna ing marga | prapta campuh ing ajurit | sigra Juragan | Bali mangsah ngawaki ||
14. kapalajar Răngga Sidayu mring Tuban | mawur wadya pasisir | ing Sidayu bêdhah | wong pasisir nèng Tuban | barisamya[122] abêbiting | Jragan umangsah | mring Tuban ngrangsang biting ||
15. datan kangkat sêmana Ki Răngga Tuban | duwe tukon wong Bali | kèhe tigang dasa | kinèn mêtoni yuda | nanggulang Juragan Bali | campuh ing yuda | wong tigang dasa ngukih ||
16. Ki Juragan Bali nadhahi apanggah | wong têtukon ing Tubin | lir wonge Juragan | tandangira ayuda | apanggih padha wong Bali | kuwêl ing yuda | tan ana ngucap ajrih ||
17. Ki Juragan Bali wonge kathah pêjah | miwah kang dèn tindhihi | wadyane Ki Panjya | kathah ikang palastra | wadya Bali
--- [f. 242v] ---
sèkêt ênting | sigra Juragan | mundur wèh uning Panji ||
18. yyan kasoran ing yuda Panji bramatya | mangkat sawadya prapti | ing Tuban umangsah | ing prang campuh aramya | wong Tuban akathah mati | Răngga ing Tuban | kalindhih wadya ênting ||
19. prajanira bêdhah kancikan ing Panjya | nahan Jipang kawarni | ing saungkurira | Apanji Surèngrana | agya ngangsêgakên baris | Tumênggung Sura- | wijaya ngancik malih ||
20. kitha Jipang angirid măncanagara | dadya gêng ikang baris | ganti kawarnaa | sira Ki Răngga Tuban | anèng ing Lasêm abaris | sakancanira | pra nayaka pasisir ||
21. kawarnaa Ki Tumênggung Cakrajaya | maksih anèng Sêmawis | lami dènnya ngantya | Kumpêni durung prapta | ikang saking ing Batawi | nulya Dipatya | Citrasoma tinuding ||
22. mring apatih angrêbuta nagri Tuban | lan sagunging pasisir | kiwa kang ginawa | budhal datan kawarna | ing marga prapta ing Tubin | campuh ing yuda | arame silih ukih ||
23. praja Tuban sampun kinêpung majupat | Panji Surèngrana glis | kèngsêr barisira | angrasa tan kawawa | milanira glis gumingsir | nèng Karonggahan [Karongga...]
--- [f. 243r] ---
[...han] | kandhêg apacak baris ||
24. kawarnaa Ki Tumênggung Cakrajaya | budhal saking Sêmawis | angirid Wêlănda | sabragada kèhira | myang wadya Makasar Bugis | Ambon Sêmbawa | Tarnete lan wong Êncik ||
25. warna-warna wong Kumpêni kang sanambang | têtungguling ajurit | kumêndur wastanya | Gobyo lawan Kapitan | Krasbun lawan ana maning | Amral Baritman | Komasaris Samawis ||
26. wong Kumpêni kathahira sabragada | lagya aso Sêmawis | Patih Cakrajaya | budhal marang ing Tuban | angêrig wadya pasisir | prapta ing Tuban | Cakrajaya Apatih ||
27. duta marang Tumênggung Kartanagara | kinèn mangkat tumuli | maring Surabaya | parentahira patya | aja pijêr angrawati | riwuk ing marga | ingsun mancal tumuli ||
28. saking Tuban ingsun anjog Surabaya | Kartanagara nuli | mangkat saha wadya | marang ing Surabaya | ingkang tinilar jagani | nagri ing Jipang | ikang duwe nêgari ||
29. Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | kari apacak baris | manawa Ki Panjya | Surèngrana Nglamongan | prapta angriwuk ing buri | kawarna patya | manca lawan [lawa...]
--- [f. 243v] ---
[...n] Kumpêni ||
30. mêdal laut lajêng alayar anêngah | kang tinilar ing Tubin | Arya Kudus lawan | pêpatih ing Japara | awasta Ki Wiramantri | ya ta kawarna | Surèngrana Apanji ||
31. duk Apatih Cakrajaya anèng Tuban | gènnya lèngsèr Ki Panji | saking Paronggahan[123] | sarêng apatih mancal | ing palwa agya Apanji | wangsul barisnya | mring Karonggahan malih ||
32. Ki Juragan Bali apikir ing nala | kayaparan Si Panji | gènnya ngangkat aprang | amungsuh wong sajaman | linurugan ing apatih | baya ta iya | amungsuh ing sang aji ||
33. ingsun iki milu wong durakèng nata | Ki Juragan ing Bali | mangkana ciptanya | ingsun kalah adagang | mulane kuwat asugih | barkating nata | ikang sun pundhi-pundhi ||
34. dadya sira Juragan Bali sêmana | sangadi api gêring | arang-arang mangan | arsa pamitan waras | marang sira Ki Apanji | măngsa angsala | milanira api gring ||
35. angsal pitung dina gènnya apuwasa | sêmana lajêng mising | katur ing Ki Panjya | yèn Juragan kalaran | kinèn mulih mring Garêsik | wawêkasira | yèn waras glisa bali ||
36. sapraptaning Garêsik amangan sêga | sira Juragan Bali [Ba...]
--- [f. 244r] ---
[...li] | sarasakitira[124] | nahan ikang kawarna | Kya Cakrajaya Apatih | prapta ing Sura- | baya lawan Kumpêni ||
37. myang kumêndur jujug ing loji sêmana | loji ing Surawèsthi | kêdhik ikang jaga | Wêlonde[125] kawan dasa | sadaya angati-ati | loji mèh bêdhah | dening wong Surawèsthi ||
38. kaslak katulungan praptaning apatya | lan sagunging Kumpêni | myang para nayaka | Kartanagara prapta | ing Surabaya abaris | kiduling kitha | ing Sapanjang anuli ||
39. duta maring Kartasura atur surat | atanapi apatih | samya atur surat | ing nata tan kawarna | praptèng Kartasura nuli | katur ing nata | tinupiksa kaèsthi ||
40. bêbukaning surat sang nata kacayyan[126] | myat surat ingkang saking | Kya Kartanagara | gya kèn dangu ing duta | sapa rane kang anulis | duta ing Karta- | nêgaran aturnya glis ||
41. abdi dalêm awasta pun Saratruna | sutaning Sarawadi | ngandika narendra | warahên ya Si Karta- | nagara carike nuli | dèn ulihêna | sun pundhut gya umijil ||
42. duta dhinawuhan ing timbalanata[127] | kalih wusinung tulis | duta agya mêsat | nahan ikang kawarna | kang anèng ing
--- [f. 244v] ---
Surawèsthi | baris atata | kapang samya bêbiting ||
43. pra nayaka sadaya sami prayêtna | atanapi Kumpêni | maryêmira amyang | wadya ing Surabaya | sawega angati-ati | gêng alit samya | tan ana nêdya urip ||
44. kawarnaa wong Bali kang para dewa | katri anèng Garêsik | susah ing tyasira | sira Dewa Kaloran | sapraptane lajêng agring | sigra angundang | marang Juragan Bali ||
45. prapta Dewa Kaloran asru lingira | hèh ya Juragan Bali | kaya pa barisan | wartane Si Apanjya | sumaur Juragan Bali | nèng Karunggahan[128] | barise pun Apanji ||
46. mungsuhipun akathah miwah kang samya | angêpung Surawèsthi | pêpatihing raja | Tumênggung Cakrajaya | anjêtung para dewa tri | gènnya miyarsa | ture Juragan Bali ||
47. sira Dewa Kaloran asru lingira | marmèngsun praptèng Jawi | sanggupe Si Panjya | pakone Raja Jawa | mêngko pêpatihe prapti | yèn sayêktia | parentahe sang aji ||
48. măngsa silih dèn lurugana ing patya | hèh Juragan sun mulih | Juragan aturnya | yèn dikarsa muliha | kawula tur uning patih | mring Surabaya | dika angsala margi ||
--- [f. 245r] ---
49. yèn Tumênggung Cakrajaya nora suka | dika tan angsal margi | pan nagri Madura | ing Sumênêp Mêkasan | samya karèh Ngraja Jawi | wikan andika | wus milu ing pun Panji ||
50. yêkti mungsuh wong sa-Jawa myang Wêlănda | angiloni pun Panji | wong durakèng nata | angling Dewa Kaloran | lah iya bênêr sirèki | sigra Juragan | duta tur uning patih ||
51. tan kawarna dutaning Juragan prapta | cundhuk lawan apatih | ngaturakên surat | tinupiksa kadriya | tustha ing tyasira pati[129] | duta tinulak | Juragan dèn timbali ||
52. angatêrna ing lampahe para dewa | timbalane apatih | dutanira prapta | Juragan suka ing tyas | para dewa dèn aturi | sarêng umangkat | Ki Juragan umiring ||
53. prapta ing Palasa ikang para dewa | lajêng Juragan Bali | maring Surabaya | dadya ungkur-ungkuran | lampahe Juragan prapti | ing Surabaya | lajêng sumiwèng patih ||
54. suka ing tyasira patih dènnya mulat | mring Ki Juragan Bali | agagah prakosa | sugih bau santana | Juragan Bali tinari | apa ta sira | wani lawan Si Panji ||
--- [f. 245v] ---
55. Ki Juragan umatur purun kawula | nanggulang ing pun Panji | gêntia curiga | Cakrajaya lingira | mring ari Tumênggung Têgil | anindhihana | prange Juragan Bali ||
56. rong punggawa pasisir sira gawaa | Barêbês Kalitangi | aturnya sandika | gya mangkat saha wadya | sapraptanira Garêsik | nagri Nglamongan | ikang arsa ginitik ||
57. sira Panji Surèngrana lagi prapta | sawadyanira saking | Paronggahan nulya | Juragan Bali prapta | sawadya Tumênggung Têgil | ngrurah Nglamongan | pinapag ing ajurit ||
58. rame campuh Jragan mudhun saking kuda | sawadya ngamuk ngukih | Panji Surèngrana | kalindhih kapalajar | wadyanira akèh mati | malêbèng wana | sakulawarga ngiring ||
59. wong Lamongan tan ana têluk satunggal | milya tilar nagari | ya ta kawarnaa | ki tumênggung ing Jipang | saking kilèn dèn tadhahi | Răngga ing Tuban | saking lèr nêmpuh wani ||
60. datan gingsir Ki Panji mêmpên ing alas | sungil tan kêna pinrih | sagunging punggawa | mênggah mundur sadaya | sira Tumênggung Tatêgil | lan Ki Juragan | Bali maring [ma...]
--- [f. 246r] ---
[...ring] Garêsik ||
61. ya ta ikang kawarna Kartanagara | myang Cakrajaya Patih | wusamya anduta | atur surat ing nata | saha ngaturakên dasih | pun Saratruna | lan angaturi uni ||
62. ing narendra kalamun wontên juragan | ing Garêsik satunggil | agêng ikang manah | purun angangkat karya | duta tan kawarnèng margi | prapta ing Karta- | sura katur ing aji ||
63. Saratruna tinimbalan maringarsa[130] | tustha myat sri bupati | marang Saratruna | wus pinundhut ing nata | kinarya lêlurah carik | sinungan aran | Carik Bajra namèki ||
64. angandika sang nata maring caraka | warahên si apatih | mêngko Si Juragan | Bali dèn gêmpalêna | wong têlung atus Garêsik | sun wèhi aran | Tohjaya Angabèi ||
65. duta nêmbah mintar tan kawarnèng marga | prapta ing Surawèsthi | matur ing apatya | yèn katrima ing nata | saaturira apatih | tustha ing driya | Cakrajaya Apatih ||
66. kènimbali Juragan mring Surabaya | lan Tumênggung Tatêgil | Kya Puspanagara | kang tinilar ing praja | jagani nagri Garêsik | kang wus umangkat | prapta
--- [f. 246v] ---
ing Surawèsthi ||
67. Ki Juragan Bali sampun dhinawuhan | jinungjung ran Ngabèi | Tohjaya sukèng tyas | dhasar gêng ingkang manah | mangke kapracayèng aji | nahan kawarna | Panji Kartayudèki ||
68. arinira Dipati Jayapuspita | samana lagi prapti | saking nagri Daha | tan malêbèng ing kitha | angrêriwuk anèng jawi | prajuritira | kalih èwu watawis ||
69. wong ing Kartasura kang anèng Sapanjang | ikang dèn sêsetani | tan bisa mèt pangan | sakèh wong Kartasura | yèn ajaa kanthi biting | kaya wus rusak | rinurah ing Apanji ||
70. ngiwad-ngiwud wonge Panji Kartayuda | pinarapat kang baris | bêdhug tiga prapta | angamuk amajupat | bakda subuh prapta maning | wong Kartasura | sêdhih sikêping jurit ||
71. ikang baris Sapanjang tan ana mangan | Kartayuda ngundhangi | wadya langlang marga | yèn ana wong dodolan | mring barisan dèn rampasi | nahan kawarna | Cakrajaya Apatih ||
72. parêmbagan lan kumêndur lingya patya | hèh kumêndure iki | nêdha mangsah ing prang | punapi ingantenan | nèng kene sampun alami | kumêndur
--- [f. 247r] ---
mojar | gih anêdha ki patih ||
73. gya Tumênggung Cakrajaya undhang-undhang | punggawa myang prajurit | kèn sayagèng ing prang | pratiwa gya têngara | umyang kêndhang gong lan bèri | sikêping yuda | sadhiya tata baris ||
74. mêdal saking biting wadya lit akarya | tingkês jagang wus rakit | pangajênging yuda | Kumpêni anèng têngah | mangka dhadhaning ajurit | Bugis Makasar | munggèng ngarsèng Kumpêni ||
75. ikang dadya pangawat kiwa Dipatya | Jayaningrat nindhihi | wong pasisir kiwa | têngêne Adipatya | Citrasoma Jêparèki | sira apatya | awor lawan Kumpêni ||
76. kadya mêndhung barising Kumpêni amyang | awor barising patih | pan tanpa wilangan | wong pasisir sumahab | asawang prawata sari | wadya ing Sura- | baya sawegèng jurit ||
77. têtindhihing baris arining dipatya | seje biyang namèki | gantyani kang raka | Angabèi Jangrana | anèm warnane apêkik | dhadhaning yuda | para kaum prang sabil ||
78. awatara pitung atus kathahira | kaum ing Surawèsthi | samya bajo pêthak | kadya kuntul sarawa | anyothe [anyo...]
--- [f. 247v] ---
[...the] pêdhang lan cundrik | asikêp watang | tan kêna wor kang baris ||
79. Ki Pangulu Hakim mangka tindhihira | lan Pangulu Tambakji | para mantri dadya | pangawat dipatinya | Jayapuspita nèng wuri | budhal sing praja | rêbut papaning jurit ||
80. desa Pakapasan gènnya mapag ing prang | Kumpêni sarêng prapti | lan wong Surabaya | lajêng campuh ing yuda | kaum ginarudug bêdhil | nèng ara-ara | Kumpêni angêdrèli ||
81. wus apêtêng riwut madyaning payudan | dening kukusing bêdhil | kang para ngulama | eca samya alênggah | saksana Pangulu Hakim | mangsah ing rana | lan Pangulu Tambakji ||
82. ki pangulu kalih tandange lir yêksa | nusup kukusing bêdhil | sakèhing ulama | mangsah angamuk rampak | rame campuh padha wani | gya Ngabèi Jang- | rana ngatag ing mantri ||
83. Rănggalawe lawan Dêmang Wirapraya | Dêmang Singaranèki | lan Singamênggala | Carana Sindubaya | samya andêling ajurit | samya umangsah | gitik pangawat kèri ||
84. lawan kaponakanira adipatya | sutanira Dipati | Jangrana kang pêjah | aran [ara...]
--- [f. 248r] ---
[...n] Jaka Tangkêban | prawira sura apêkik | Jaka Tangkêban | dadya tindhihing mantri ||
85. sigra mangsah anêmpuh pangawat kiwa | parêngamuk angukih | Ngabèi Jangrana | mangsah ing rana ingkang | pangawat kanan ginitik | ngamuk anunjang | lawan wong Talangpati ||
86. sarêng anduk ing mungsuh kalawan rowang | rame têmpuhing jurit | sanjata lir gêlap | maryêm gurnat gurnada | tiktak masbum gutuk api | lir tirta warsa | drêse tibaning mimis ||
87. putung ikang watang suwèking daludag | awor sambating kanin | lir pindah ampuhan | kukus pêtêng limêngan | para kaum nêmpuh wani | ulêng-ulêngan | awor lawan Kumpêni ||
88. para kêtib sèlèh watang tanpa karya | angamuk lawan cundrik | wanèh lan curiga | ikang rasukan pêthak | lir pindah sangkêlat abrit | kasêmbur ing rah- | irèng kapir ngêmasi ||
89. wadya Bugis Makasar sarêng umangsah | têtulung ing Kumpêni | parêngamuk rampak | kaum ing Surabaya | panggah tan ana gumingsir | lir pindah yêksa | tandangira ngajrihi ||
90. para Kêtib anuduk nigas Wêlănda | kadya ngêthok cêcindhil | wong Bugis Makasar |
--- [f. 248v] ---
tumpês miwah Wêlănda | sabragada sirna ênting | banjir ludira | wangke susun atindhih ||
91. sarah watang lêlumut kumbala wudhar | wor wangkening turanggi | sinawang lir parang | riwuting lindhu agran- | ing arga kadya ginonjing | kadya kiyamat | kêlab-kêlab ing langit ||
92. dening lesus Kumpêni sisaning pêjah | lumayu ngungsi biting | kang pangawat kiwa | maksih arame yuda | para mantri ngoyok wani | Jaka Tangkêban | nindhihi angawaki ||
93. amrêp baris pasisir Jaka Tangkêban | pangamuke ngajrihi | kang katrajang gêmpang | Adipati Janingrat | kesisan ing wadya ênting | mawur lumalya | Jayaningrat kalindhih ||
94. ya ta Panji Wiranêgara tumingal | yèn Janingrat kalindhih | arsa pêpuliha | mangsah mingêr barisnya | kasalêpak mungsuh prapti | kalingkung papan | datan bisa gumingsir ||
95. wong Tatêgal anggêgêr anèng palagan | tinrajang saking wuri | myang ing kèri kanan | sarêng sami umangsah | kalorop sampun kajodhi | Wiranêgara | sampun nêdya ngêmasi ||
96. samya dhepok para mantri ing Tatêgal | kawratan sihing gusti | wong ing Surabaya | sarêng panêmpuhira | wong Tatêgal anadhahi | kinarya [ki...]
--- [f. 249r] ---
[...narya] lesan | anèng madyaning jurit ||
97. kacarita Apanji Wiranagara | darbe ari satunggil | ran Ki Agrayuda | nangis nungkêmi pada | miwah ikang para mantri | samya karuna | angaturi gumingsir ||
98. adhuh angungsia jroning pabitingan | patine sun andhêmi | paduka tulusa | jumênênga dipatya | Apanji micarèng ati | nadyan laria | măngsa wurunga mati ||
99. mandahane ucape dening adawa | saturun ingsun benjing | cinirèn ing nata | măngsarsa angingua | utamaning adipati | kang mati aprang | lingya hèh sanak mami ||
100. ingsun nêdya ambelani maring sira | para mantri Tatêgil | akiwul tan angsal | mantri ing Surabaya | lagya winong ing Hyang Widi | jinajayèng prang | ing rana tanpa tandhing ||
101. Kya Tumênggung Têgal kadya Partasuta | duk rinêbut ing jurit | ing Sata Korawa | sêntanane Apajya[131] | kawan dasa angêmasi | wong Surabaya | ikang mulat prihatin ||
1 | parêng ngêmasi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 130.11.7). Bandingkan: barêng ngêmasi (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.11.7); barêng angêmasi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 143.11.7). (kembali) |
2 | kêrbèting. (kembali) |
3 | gumêrgut tandanging. (kembali) |
4 | mangsah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
5 | kukus samya. (kembali) |
6 | andungkap. (kembali) |
7 | sangêt tan. (kembali) |
8 | gêbug-ginêbug. (kembali) |
9 | Mataram miyarsa. (kembali) |
10 | angênês sadalêming. (kembali) |
11 | ngunandika (dan di tempat lain). (kembali) |
12 | nèngayun (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
13 | sampun. (kembali) |
14 | arinta. (kembali) |
15 | munggèng ngarsane. (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata: binêrêg dening wong Sampang. (kembali) |
17 | anèng Ngasêm. (kembali) |
18 | awrat tanaya. (kembali) |
19 | lan nata (dan di tempat lain). (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata: ing Mataram ingkang sinung prakawis. (kembali) |
21 | Mataram miring. (kembali) |
22 | emut tilaring. (kembali) |
23 | Kurang satu suku kata: bari wêwudanana. (kembali) |
24 | paman Natakusuma. (kembali) |
25 | kawal lah. (kembali) |
26 | Tanggal: Rêspati (Kêmis) pitu (7) Jumadilawal Jimawal: [AJ 1629]. Tanggal Masehi: Jumat 28 Agustus 1705. Perbedaan satu hari (Kêmis versus Jumat) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. Tanggal ini mengacu pada pelarian resmi Susuhunan Amangkurat III dari keraton Kartasura menuju daerah Lawiyan, sebagai bagian dari kekalahan dan mundurnya kekuatan kerajaan dari pusat kekuasaan. (kembali) |
27 | miwiti (dan di tempat lain). (kembali) |
28 | ing Ngasêm. (kembali) |
29 | ris sang. (kembali) |
30 | lawan nêrpati. (kembali) |
31 | alfèrès sigra. (kembali) |
32 | kinèn (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 145.42.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.136.5). (kembali) |
33 | prawara. (kembali) |
34 | budhal lan (dan di tempat lain). (kembali) |
35 | Anom Mêngkunêgarèku (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
36 | punggawa (dan di tempat lain). (kembali) |
37 | Mangunnagara (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
38 | Mataram maksiha. (kembali) |
39 | Radèn. (kembali) |
40 | samaptèng. (kembali) |
41 | soroh. (kembali) |
42 | aprang. (kembali) |
43 | Madiun nagari. (kembali) |
44 | baris Surawèsthi. (kembali) |
45 | sampun. (kembali) |
46 | tinumpês sabrayanipun. (kembali) |
47 | Komasaris Sêmarang. (kembali) |
48 | pangran nêmbah. (kembali) |
49 | Tanggal: tanpa guna ngrasa wani (AJ 1630). Tahun AJ 1630 jatuh antara tanggal Masehi: 15 April 1706 sampai dengan 3 April 1707. Sangkala ini mengacu pada keberangkatan pasukan gabungan yang dipimpin Panêmbahan Madura, Jangrana, dan Adipati Purbaya dalam ekspedisi militer menuju Madiun dan Pasuruan. (kembali) |
50 | Winêling. (kembali) |
51 | Lebih satu suku kata: dening Wlandi tan gingsir. (kembali) |
52 | Pambèbèr. (kembali) |
53 | narik kêris (dan di tempat lain). Bandingkan: anarik kêris (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.24.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 146.24.7). (kembali) |
54 | angulisik. (kembali) |
55 | mundhut turanggi. (kembali) |
56 | amurwakala. (kembali) |
57 | amalad di. (kembali) |
58 | rumêksèng. (kembali) |
59 | para. (kembali) |
60 | rob balabar. (kembali) |
61 | tansah. (kembali) |
62 | Tanggal: wong guna ngrasa wani (AJ 1631). Tahun AJ 1631 jatuh antara tanggal Masehi: 4 April 1707 sampai dengan 23 Maret 1708. Lihat juga: wong têtiga ngrasa wani (AJ 1631) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 146.96.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.96.1); wong têtiga ngrasa tunggal (AJ 1631) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.96.1). Sangkala ini mengacu pada kemenangan pasukan gabungan VOC dan sekutunya atas Pasuruan, serta wafatnya Surapati dalam pertempuran tersebut. (kembali) |
63 | Surapati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.97.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 146.97.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.97.5). (kembali) |
64 | Kurang satu suku kata: ing jisime Surapati. Bandingkan: mring layone Surapati (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 146.97.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.97.5); ing layone Surapati (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.97.5). (kembali) |
65 | Kurang satu suku kata: komasaris pan agya. (kembali) |
66 | komasaris suka. (kembali) |
67 | pangeran. (kembali) |
68 | panêmbahan nandhang. (kembali) |
69 | Kurang satu suku kata: layon sawusira frahat siniraman. Bandingkan: wusnya suci binêkta mantuk mring Sampang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.109.1); wusnya sukci binêkta mantuk mring Sampang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 146.109.1). (kembali) |
70 | wus samyarsa. (kembali) |
71 | tangkêp prit. (kembali) |
72 | Kurang satu suku kata: binyok-binyokan bêdhil. (kembali) |
73 | kumêndur ris. (kembali) |
74 | kang ngangkat. (kembali) |
75 | mêsat tan. (kembali) |
76 | Dhungul lajêng. (kembali) |
77 | sumiwèng ngapti. (kembali) |
78 | ikang ngrosani. (kembali) |
79 | pêksa (dan di tempat lain). (kembali) |
80 | Tanggal: pêksa guna ngrasa wani (AJ 1632). Tahun AJ 1632 jatuh antara tanggal Masehi: 24 Maret 1708 sampai dengan 12 Maret 1709. Sangkala ini mengacu pada pelayaran Susuhunan Mas (Amangkurat III) menuju Batavia bersama rombongan keluarga dan pusaka, menandai berakhirnya kekuasaannya dan konsolidasi Kartasura di bawah kendali VOC. (kembali) |
81 | Kurang satu suku kata: ênêngakêna datan winarni. (kembali) |
82 | duk kawula. (kembali) |
83 | pisan nimbali. (kembali) |
84 | pura. (kembali) |
85 | anèng ngayun (dan di tempat lain). (kembali) |
86 | pan nagari (dan di tempat lain). (kembali) |
87 | Kurang satu suku kata: Surawijaya sun pasrahi. (kembali) |
88 | Sêcayudèki. Bandingkan: Sêcayuda (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.41.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.40.9; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.41.9). (kembali) |
89 | panggiha. (kembali) |
90 | Kurang satu suku kata: Jangrana iku pêpakuning nagari. (kembali) |
91 | Lebih satu suku kata: Surabaya pêngkuh. (kembali) |
92 | Kurang satu suku kata: dening pun Kumpênine ing mangkya. (kembali) |
93 | akèn nimbali (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
94 | rusak kang. (kembali) |
95 | pêgat tinantun (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.68.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.67.7). (kembali) |
96 | Kurang satu suku kata: sabên dina Soma enjing ararêsik. Bandingkan: sabên arsa ing dina Soma rêrêsik (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.69.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.68.9); sabên ari Sênèn Kêmis arêrêsik (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.69.9). (kembali) |
97 | prapti (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.70.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.69.9; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.70.9). (kembali) |
98 | angêrtakakên nêgari (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.73.9). Bandingkan: angrêtakakên nêgari (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.72.9); angingêrakên nagari (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.73.9). (kembali) |
99 | Kêtip. (kembali) |
100 | timbalan. (kembali) |
101 | runtike. (kembali) |
102 | Tanggal: pêsa mantri ngobahakên bantala (AJ 1632). Tahun AJ 1632 jatuh antara tanggal Masehi: 24 Maret 1708 sampai dengan 12 Maret 1709. Sangkala ini mengacu pada keberangkatan pasukan dari Surabaya yang dipimpin oleh Ki Arya Jayapuspita sebagai bagian dari pergerakan militer besar menyusul kematian Jangrana Dipati dan konsolidasi kekuatan. (kembali) |
103 | tyas sinamun. (kembali) |
104 | ingkang. (kembali) |
105 | Pangran Natakusuma (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.88.6; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.89.6). (kembali) |
106 | Kurang satu suku kata: ing salêlakonira si paman. (kembali) |
107 | Tanggal: mantri guna rêtu tunggal (AJ 1633). Tahun AJ 1633 jatuh antara tanggal Masehi: 13 Maret 1709 sampai dengan 1 Maret 1710. Lihat juga: gêni tiga winayang ing siti (AJ 1633) (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.91.6–7); êni [gêni] tiga winayang ing siti (AJ 1633) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.91. 6–7). Bandingkan: hèr ning tiga kawayang ing siti (AJ 1634) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.90. 6–7). Sangkala ini mengacu pada pengangkatan Ki Mas Dana sebagai pemimpin pasukan di Mataram dan pertempurannya yang berujung pada penangkapannya oleh Pangeran Pringgalaya, serta kerusuhan yang menyusul di Kartasura. (kembali) |
108 | Gêdhe (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.100.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.99.3; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.100.3). (kembali) |
109 | Tanggal: warsa guna yag purun (AJ 1634). Tahun AJ 1634 jatuh antara tanggal Masehi: 2 Maret 1710 sampai dengan 19 Februari 1711. Bandingkan: warna têtiga [...] ratu (AJ 1[6]34) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.102.4). Sangkala ini mengacu pada pengangkatan Tumênggung Cakrajaya sebagai patih dan kemunduran Ki Gêdhe Pacukilan serta Wirancana dari kedudukannya, yang menandai perubahan kekuasaan di Kartanagara dan Pasuruan. (kembali) |
110 | masjid Dêmak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.101.10). Bandingkan: masigit Dêmak (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.102.10). (kembali) |
111 | angungun nata. (kembali) |
112 | kanêm mantri. (kembali) |
113 | Garêsik kang (dan di tempat lain). (kembali) |
114 | numpak kumêndur. (kembali) |
115 | Garêsik katungkul (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.135.4). Bandingkan: Garêsik anungkul (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.118.4); Garêsik tinukup (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.135.4). (kembali) |
116 | angumpul mring. Bandingkan: ngumpul marang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.138.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.121.2). (kembali) |
117 | Kurang satu suku kata: wong ing Jipang kalindhih agya gumingsir. (kembali) |
118 | dalêm măncanagari (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.126.5). (kembali) |
119 | wus sampatèng. (kembali) |
120 | yèn nagri (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 148.2.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.2.6). (kembali) |
121 | rêmbag gya. (kembali) |
122 | baris samya. (kembali) |
123 | Karonggahan (dan di tempat lain). (kembali) |
124 | saras sakitira. (kembali) |
125 | Wêlănda. (kembali) |
126 | kacaryyan. (kembali) |
127 | timbalan nata. (kembali) |
128 | Karonggahan. (kembali) |
129 | patih. (kembali) |
130 | maring ngarsa. (kembali) |
131 | Apanjya. (kembali) |