Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 50–59)
1. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
2. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 13–21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
3. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 22–34). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
4. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 35–45). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
5. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 46–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
6. | Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), 1774–6, #1010 (Pupuh 50–59). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 249r lanjutan] ---
50. Asmaradana
1. wadyabala ing Tatêgil | ikangampil[1] upacara | tumpês anèng ing ngarsane | Tumênggung Wiranêgara | jajanira krêp brana | dangu dènnya wuru marus [ma...]
--- [f. 249v] ---
[...rus] | aniba lajêng palastra ||
2. Mêranggo myang Saragêni | rongatus tumpês ing rana | parêng kalawan gustine | para mantri Surabaya | myat samya asmu waspa | ing kunarpane Tumênggung | Wiranagara Tatêgal ||
3. abagus lila ing pati | para mantri Surabaya | lèrèn samya nyalatake | nahan ikang kawarnaa | Apatih Cakrajaya | sawadyanira wus mundur | Kumpêni kalangkung rusak ||
4. angungsi sajroning biting | kumêdur[2] lawan apatya | tan kêna pisah ênggène | pangawatêngên[3] winarna | Dipati Citrasoma | mundur wadyanira mawur | akèh kang mati ing toya ||
5. sira Tohjaya Ngabèi | tumut ing pangawat kanan | arsa nanggulanga prange | kèlêsing wadya lumajar | kiwul-kiwul tan angsal | nulya misah lampahipun | anut kali sarewangya ||
6. amanggih jukung satunggil | tinitihan sarewangya | ngulari patih karsane | sapraptaning pabitingan | panggih lawan apatya | sarewangira umangsuk | ing jro biting wor apatya ||
7. samya ngungunira kalih | matur Ngabèi Tohjaya | dhuh
--- [f. 250r] ---
atur kawula anggèr | yèn suwawi tinangguhan | ing yuda jroning jagang | wontêna pangungsènipun | wadya lit ikang kaplajar ||
8. atanapi wong Kumpêni | sakari-karining pêjah | sami tanggona anèng jro | kawula dika damêla | pangajêng gih sandika | kya patih suka ing kalbu | myarsa aturing Tohjaya ||
9. sakèhing wadya pasisir | ingkang samya kapalajar | samya pinanggil maring jro | pabitingan kacarita | Tumênggung Cakrajaya | darbe abdi wolung puluh | samya nom-anom sadaya ||
10. rinayat ing siyang latri | winastan wong Trunasura | kulambi sangkêlat jêne | asikêp jinggring lan mamas | wadya kang kathah-kathah | amêngawat prênahipun | sakèhing wong Cakrajayan ||
11. têtindhihira kêkalih | Sutayuda Ekatruna | rumêksa pabitingane | kang kiwa Ki Sutayuda | têngêne Ekatruna | tantara wong Surèngkewuh | prapta angêlud ing patya ||
12. gumrah arsa ngrangsang biting | prajurit ing Surabaya | tinêmbang galaganjure | Carabaline gumêrah | wadya ing Kartasura | samya angrês manahipun | kadya mulat ing danawa ||
13. wong Surabaya ambêdhil |
--- [f. 250v] ---
gumrudug binarung surak | tan winalês pambêdhile | sigra ikang sikêp watang | mangsah angrurah jagang | wong Trunasura tinêmpuh | arame silih prajaya ||
14. tan ana ikang gumingsir | sira Ngabèi Tohjaya | lir liman mêta tandange | anèngarsane apatya | prajurit Surabaya | ingkang tinêrajang mawur | Kya Tumênggung Cakrajaya ||
15. anindhihi anèng wuri | dharat sarwi ngagêm rotan | samăngsa Trunasurane | mêngkab agya tinudingan | ing rotan asru ngucap | hèh bocah aja na mundur | sun ajalukaryanira[4] ||
16. iya ing sapisan iki | sakèhing wong Trunasura | ikang mêngkabali[5] manèh | sabên-sabên arsa mêngkab | mêngkana lingya patya | dadya yudanira kukuh | sakèhing wong Trunasura ||
17. sagung pratiwa pasisir | mawur angungsi ing patya | malêbu pabitingane | linud ing wong Surabaya | ikang kacandhak pêjah | sakèhing kang kapalayu | amung Ki Tumênggung Batang ||
18. maksih akèh ingkangiring | palajêngira lon-lonan | sarêng pêrak lan bitinge | tinulungan Trunasura | wus kumpulan[6] apatya | kang padha kaplayu rawuh | Citrasoma [Citraso...]
--- [f. 251r] ---
[...ma] Jayaningrat ||
19. wus kumpulawan[7] apatih | ingkang ambêbujung prapta | lajêng anrajang bitinge | rêksane Ki Ekatruna | rame campuh ing yuda | Ki Ekatruna wus tatu | jajane lajêng palastra ||
20. kancane mawur angisis | prajurit ing Surabaya | anggêgilani tandange | lir singa lodra mamăngsa | minggah ing pabitingan | ki patih kagèt andulu | ngatag ing wong Trunasura ||
21. atanapi wong Kumpêni | samya têtulung ing yuda | kadya guntur pangêdrèle | rame dènnya rêbut jagang | samya sêrang-sinêrang | sêmana kasaput dalu | mundur wong ing Surabaya ||
22. sarwi gawa kunarpaning | Wiranagara Tatêgal | atanapi kunarpane | santanane kawan dasa | binêtèng Surabaya | sadaya arsa kinubur | aja wèt akênthang-kênthang ||
23. Jayapuspita Dipati | wus kondur maring nagara | sapraptanirèng dalême | munggang tinatab angangkang | sêmana sinêngkalan | prange pêksa karya rêtu | wong Kartasura kèh pêjah |[8]|
24. nahan kawarnaa Panji | Surèngrana ing Lamongan | lagya budhal sawadyane | saking talatahing [ta...]
--- [f. 251v] ---
[...latahing] Jipang | sêdyanira Apanjya | Surèngrana arsa nukup | ingkang abarisapanjang[9] ||
25. lampahira nulya prapti | nagari ing Surabaya | nahan ganti winiraos | Tumênggung Surawijaya | ing Jipang amiyarsa | yèn Ki Surèngrana sampun | ambolosawadyanira[10] ||
26. sigra angundhangi dasih | Tumênggung Surawijaya | sigra budhal sawadyane | nusul marang Surabaya | sapraptaning Sapanjang | amisah pondhokanipun | angrês wong ing Kartasura ||
27. sadaya asêdhih kingkin | ikang abarisapanjang | akèh kang minggat sikêpe | tan bisa angambil pangan | mangkana cinarita | mung antara tigang dalu | wong Surabaya ngrabasa ||
28. sarêng wayah têngah wêngi | praptanira Surèngrana | saking kilèn panêmpuhe | Rănggalawe saking wetan | Apanji Kartayuda | sigra nêmpuh saking kidul | jangji sarêng undurira ||
51. Durma
1. sarêng nêmpuh gègèr wong ing Kartasura | lir gabah dèn intêri | gugup tandangira | prajuriting[11] balêsar | para pratiwanira glis | mêdal apacak | baris lan para mantri ||
2. Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | pêngkuh sura
--- [f. 252r] ---
ing jurit | tangguh tate tatag | rinoban ing sanjata | ingudanan pasêr lêmbing | bungsur sarampang | binêrondong ing bêdhil ||
3. wadyanira Tumênggung Surawijaya | akathah kangêmasi | nging masih sudira | ki tumênggung ing Jipang | tan mundur binendrong bêdhil | nanging tan pasah | anggêgêr tan gumingsir ||
4. pinasêran Tumênggung Surawijaya | suwe-suwe natitis | mung bucêk satuma | ingusap krasa lara | mawaning upas kang mandi | Kartanagara | sigra tulung ing jurit ||
5. pan wus ingajangan lajêng tinadhahan | dening wong Surawèsthi | milane tan angsal | gènira tulung ing prang | dhasar campuh têngah wêngi | tatas raina | sapihira kang jurit ||
6. pêndhak sore Tumênggung Surawijaya | gènira angêmasi | wong ing Kartasura | samya angrês ing nala | sarêng wayah têngah wêngi | bubar sadaya | akèh kari ing margi ||
7. enjing agya Panji Surèngrana prapta | lan Kartayuda Panji | wong măncanagara | samya nungkul sadaya | lajêng dèn kon anututi | marang ing wadya | Kartasura kang lari ||
8. mêdal ing Garêsikang padha lumajar | akèh kacandhak margi | wong ing Kartasura [Kar...]
--- [f. 252v] ---
[...tasura] | samya anjog Sêmarang | Apanji Surèngrana glis | bali mring prajan- | ira Nglamongan malih ||
9. nahan Panji kawarna Amral Baritman | prapta ing Surawèsthi | kang dèn irid wadya | Kumpêni rong bragada | lan kumêndur wus apanggih | miwah apatya | tutur asor ing jurit ||
10. myang kumêndur bilang apês ing ayuda | Kumpêni akèh mati | Amral susah ing tyas | binanting topinira | amundhut sêmprong tumuli | sigra winawas | nagarèng Surawèsthi ||
11. Amral ebat angucap goyang kapala | nulya amundhut pari | ginantungarsanya[12] | Amral lamun akarsa | mangan nulya nisil pari | yèn turu nungsang | angsal ing tigang latri ||
12. nulya Amral angucap marang apatya | nagara Surawèsthi | langkung dening awrat | lawasun[13] andon aprang | ambêdhah sakèhing nagri | pan ora wêgah | gèn ingsun andon jurit ||
13. anging mangke kalintang èmênging manah | yèn aja anglakoni | ayahaning nata | yêkti sunuli[14] nulak | mulih marang ing Batawi | nora kaduga | bêdhahing Surawèsthi ||
14. nanging mangke ki patih atur kawula | sampun alit ing ati |
--- [f. 253r] ---
inggih pirabara | wontên pitulung Alah | lawan barkating narpati | nagri ing Sura- | baya bêdhah ing kami ||
15. Ki Tumênggung Cakrajaya parêmbagan | lanayaka[15] pasisir | sapa kang prayoga | ingutus amèt pangan | matur sagunging bupati | ikang prayoga | pun Tohjaya Ngabèi ||
16. kinaryaa têtindhih kang amèt pangan | katujoning tyas patih | aris angandika | iya adhi Tohjaya | emane tan duwe kanthi | lamun duwea | kanthi têka sawiji ||
17. kaya dadi dandanan adhi Tohjaya | kang padha sugih wani | matur Citrasoma | rumiyin pun Ariya | Kudus darbe sanak siji | prawira sura | Sirnayuda namèki ||
18. Panêmbahan Makaos kang darbe têdhak | punika tan kêkalih | lawan pun Tohjaya | sami wong kaduk sura | saksana patih anuding | pun Sirnayuda | pinanggil agya prapti ||
19. wus kinarya kanthi Ngabèi Tohjaya | kinarya senapati- | ning wadya anglarag | samya ngulari pangan | sabên dina angsal pari | nahan kawarna | Pangeran Madurèki ||
20. tinimbalan maring nagri Surabaya | maring apatih anging |
--- [f. 253v] ---
lagi manggih karya | aprang lan mantunira | Arya Dikara namèki | iku Dipatya | Pamêkasanagari[16] ||
21. marganipun rabine Arya Dikara | purik dipun kukuhi | dhatêng Cakraningrat | milane dadi yuda | wadya Madura kalindhih | prajuritira | akèh ikang ambalik ||
22. maring Arya Dikara Pangeran Sampang | èsmu kewran ing galih | arine kinarya | senapatining yuda | Dyan Suradiningrat aglis | mapag ing yuda | ngirid sagung prajurit ||
23. budhal saking praja sapraptaning rana | radèn amalih kapti | supe kadang tuwa | arêbut kasinggihan | rêmbug lawan para mantri | kang tuwa-tuwa | Jangkewuh lan Jangpati ||
24. nulya duta mring nagara Surabaya | wêwadul ing apatih | karsane kang raka | ingaturkên balila | ing nata sêdya ambalik | dutane prapta | tundhuk lawan apatih ||
25. sampun katur saature Radèn Sura- | diningrat ing apatih | yèn kang raka băngga | kait lan Surabaya | sêdya mungsuh ing sang aji | lamun sêmbada | ing karsa jêng ki patih ||
26. gih kawula sagah angrêmêd pun kakang | dening salah ing gusti | kalintang kawula | malangi
--- [f. 254r] ---
tan ginêga | kèh wêwadulirèng patih | Rahadèn Sura- | diningrat myang Kumpêni ||
27. suka ing tyasira Kyai Cakrajaya | myang nayaka Kumpêni | Atmral gya putusan | maring Kumpêni kapal | Kapitan Kartas namèki | kinèn jathoka | muwarèng Madura glis ||
28. miwah wadya Sumênêp wus dhinawuhan | bantonana ing jurit- | ira Radèn Sura- | diningrat ing Madura | duta wus tinulak aglis | praptèng Madura | katur sawlinging patih ||
29. suka ing tyasira Dyan Suradiningrat | nahan ikang winarni | Pangran Cakraningrat | wus ingaturan wikan | yèn arinira ambalik | mungsuh ing raka | tikbrèng galih anuding ||
30. maring nagri Bali akèn amèt sraya | kawarnaa kang rayi | Dyan Suradiningrat | barisira angrêda | wadyèng Sumênêp bantoni | myang Pamêkasan | sampun dadosatunggil[17] ||
31. atanapi wadyakoswa ing Madura | suyud ing radèn ari | Pangerane Sampang | saya sangêt kesisan | sigra budhalakên baris | Rahadèn Sura- | diningrat arsa gitik ||
32. praja nulya lampahing bala atata | Patunjungan rinampid | kinêmpung[18] kang praja | Pangeran Cakraningrat [Cakra...]
--- [f. 254v] ---
[...ningrat] | mêmpên anèng jroning puri | prajuritira | nêmatus winêtawis ||
33. nanging sabên dina akèh ikang mêdal | cundhuk samya suyud ing | Dyan Suradiningrat | Dipati Cakraningrat | kewran tinilar ing dasih | kari priyăngga | arsa ngungsi Kumpêni ||
34. myang apatih arsa maring Surabaya | wusayaga[19] Dipati | Cakraningrat lawan | sarayate sadaya | wadyanira ikang rayi | gumrah asurak | saking jawi bêdhili ||
35. Pangran Cakraningrat gugup agya budhal | wus awèh wruh Kumpêni | kang anèng ing kapal | Kapitan Kartas suka | marang ing duta dènnya ngling | hèh ya matura | ingsun kang anulungi ||
36. mring pangeran aja ta susah ing driya | iya Kumpêni benjing | kangulihkên[20] praja | Madura myang apatya | rêmbuge wus anèng kami | marma pangeran | agya ingsun aturi ||
37. maring Surabaya duta wus tinulak | Cakraningrat winarni | lolos saking pura | mêdal ing bêbutulan | kapapag dutanira glis | ngaturi inggal | pangran praptèng pasisir ||
38. numpak palwa kapal saha graha putra | myang sakarining dasih | ikang maksih trêsna | samya numpak sadaya [sada...]
--- [f. 255r] ---
[...ya] | munggèng ing baita konthing | ngunjal mring kapal | kapitan mapag aglis ||
39. mring pangeran ginawa minggah mring kapal | urmatira nglangkungi | samya anèng petak | gêrwane pangran prapta | gya kapitan mapag malih | jawining petak | radèn ayu duk prapti ||
40. gya cinandhak astanya maring kapitan | sêdya urmat sayêkti | sarwi nêcêp jăngga | wus tataning Wêlănda | tan pinae jalu èstri | gènnya wèh urmat | dyan ayu salah tampi ||
41. sru gumêtêr anjrit asambat kang raka | kagyat myarsa Dipati | Sampang sru bramatya | myarsa panjriting gêrwa | mawinga-winga awêngis | krodha umangsah | jumangkah narikêris ||
42. gya sinudukapitaniba[21] palastra | lajêngamuk[22] Kumpêni | byuk samya atandang | kasompokên ing papan | Kumpêni padha mêdhangi | pangran tan pasah | ngamuk nêngah nuduki ||
43. dènnya ngamuk pangeran lawan kang putra | abusêkan sajroning | kapal kang Wêlănda | akathah ikang pêjah | pangeran kadya rasêksi | kuthah ludira | saradadunira nting ||
44. cinarita Kumpêni sakapal têlas |
--- [f. 255v] ---
akêdhik ingkang kari | amung gala-gala | kang dèrèng tinarajang | maksih ngagêm sogok bêdhil | pangran wusayah[23] | dipun amuk gêgitik ||
45. tinubruk ing kursi pangran tiba lênggah | lajêng dipun popori | myang kang para putra | pêjahe ginitikan | pangeran pêjah alinggih | lajêng tinigas | binêktèng Surawèsthi ||
46. jisimira linabuh anèng sêgara | Kumpêni ikang kari | glis alayar marang | Surabaya kawarna | kang anglud bali pasisir | Rahadèn Sura- | diningrat saha dasih ||
47. sampun angêbroki purantarèng raka | kawarnaa Kumpêni | praptèng Surabaya | panggih kalawan Amral | myang Cakrajaya Apatih | katur sasolah- | ira maring apatih ||
48. duk aprangya[24] palwa langkung ngungunnya Mral | asru jêtungya[25] patih | dening andêling prang | sira Kapitan Kartas | Kya Cakrajaya wus nuding | tur uning nata | tan kawarna ing margi ||
49. praptèng Kartasura tumundhuk ing nata | katur surating patih | tinupiksèng nata | ngungun duta tinulak | kadhahar aturing patih | sampun sinungan | angsul-angsuling tulis ||
50. lan nawalanira Dyan [Dya...]
--- [f. 256r] ---
[...n] Suradiningrat | tinêdhakên[26] duta glis | mintar tan kawarna | ing marga lampahira | praptèng nagri Surawèsthi | panggih apatya | katur sasolahnèki ||
51. langkung suka Cakrajaya agya duta | mring Madura nimbali | Dyan Suradiningrat | kinèn angriga wadya | Madura nulia prapti | ing Surabaya | gya budhal saking nagri ||
52. Radèn Suradiningrat sawadyanira | prapta ing Surawèsthi | tundhuk lan apatya | atanapi lan Amral | myang te nayaka pasisir | pênuh ingarsan- | ira rêkyana patih ||
53. Radèn Suradiningrat gya pinatêdhan | nawalaning narpati | gènnya pinatêdhan | nagara ing Madura | lawan sinungan kêkasih | jinungjung nama | Cakraningrat Dipati ||
54. ingestrenan marang sagunging punggawa | lan Amral ajurungi[27] | lajêng samya nadhah | lan sagunging punggawa | ngiras parêmbagan jurit | Amral angucap | mring Cakrajaya Patih ||
55. kadyaparan karsanta masalahing prang | ing mangke wus alami | sêdhêng mangsah ing prang | kawula pan wus angsal | tilik jayaning ajurit | sêdhêng ing mangkya | mangsaha ing prang malih ||
--- [f. 256v] ---
56. kadya ana pitulungipun ing Alah | benjang Salasa ari | nêdha mangsah ing prang | bisa angrurah kutha | lingira Cakrajaya ris | inggih sakarsan- | ira manira ngiring ||
52. Pangkur
1. wus rêmbag sagung dipatya | nulya undhang-undhang ing prajurit |[28] agya sawega wadya gung | sawusira samapta | praptèng ari Salasa injang winuwus | pratiwa nêmbang têngara | sayagèng prang kya apatih ||
2. myang sakathahing pratiwa | asayaga atanapi Kumpêni | abaris tambur gumuruh | Amral sampun anunggal | lan apatih anata pangawatipun | kiwa Pangeran Madura | akanthi Sidayu Tubin ||
3. têngên pasisir sadaya | ingkang dadi ing dhadha wong Kumpêni | patih nindhihi ing pungkur | budhal sagung gêgaman | tingkês jagang nèng ngarsa umyang gumuruh | gêgaman awarna-warna | tinon kadya prabatapi ||
4. kumêndur kalawan Amral | anindhihi barisirèng Kumpêni | nahan gantia winuwus | Jayapuspita myarsa | yèn linanggar agya têngara gumuruh | prajurit ing Surabaya | tangkêp anjagani biting ||
5. Kumpêni lawan apatya | wusnya cêlak kitha atata biting | Kumpêni amasang ulur | maryêm [mar...]
--- [f. 257r] ---
[...yêm] samya pinarnah | ing palatar Baluwartine aluhur | wadya pasisir gumêrah | samya ngangsêgakên biting ||
6. wong Surabaya umulat | ing mungsuhe angangsêgakên biting | gya angangsahakên wadu | minggah maring palatar | campuh bêdhil-binêdhil pating jalêgur | surake ambal-ambalan | dangu dènnya campuh bêdhil ||
7. Dipati Jayapuspita | eca gènnya ningali wadya jurit | pinarêk anèng ing panggung | munggangira angangkang | anèng panggung Amral asru dènnya muwus | sarwi anggoyang kêpala | lah mara sipatên aglis ||
8. panggunge gya susulana | ing gurnada kang bisa tiba têbih | sigra binendrong kang panggung | wadya ing Surabaya | malês bêdhil swarane lir prawata rug | kacarita pitung dina | prang mariyêm siyang latri ||
9. pawismaning Surabaya | dalu padhang drês ikang gutuk api | ubyaring mimis lumaku | wadya ing Surabaya | datan ana miris miwah ikang tunggu | biting enak amêmaca | kang tatêmbangan manyanyi ||
10. yèn wayah pukul sawêlas | wong wadone padha prapta angirim | ing lakine ingkang tunggu | biting Kumpêni mulat | agya samya apasang maryêm [mar...]
--- [f. 257v] ---
[...yêm] lan masbum | wanita akèh sinipat | tan kandhêgènnya[29] lumaris ||
11. eca dènnya ulah tindak | gendhong sumbul cèrètira cinangking | Kumpêni eram adulu[30] | wong desanya andina | padha prapta manjing kitha myang wong kaum | samyarsa nanggulang ing prang | naur sihirèng dipati ||
12. marma wong desa mangkana | lampahira inguni sang dipati | undhang-undhange kalangkung | kabèh wong padêdesan | ukur bisa sêmbahyang nora pinupu | pêthèk lan pangawang-awang | luput sakaliring kardi ||
13. nadyan ta sadesa pisan | lamun padha sêmbahyang jalu èstri | sadesa pisan ya luput | pêthèk pangawang-awang | luput gawe atanapi takêr turun | sadaya kadi mardika | malah atampi pêparing ||
14. mintir nyamping myang rasukan | marma wadya samya suka ngêmasi | nguni wong Surabayèku | apêpaku bismilah | sami gulang palak binas lawan kulhu | akèh ambêncana tabat | kinarya panulak kardi ||
15. nahan ikang kawarnaa | Ki Apanji Surèngrana duk prapti | saking dènira amburu | marang wong Kartasura | lajêng maring Lamongan lawas nèng ngriku | arsa amanggihi
--- [f. 258r] ---
srayan- | ira ikang anyar prapti ||
16. saking nagri Bali rannya | Murah Panji Balèlèng ikang prapti | anggawa prajurit sèwu | milane praptèng Jawa | iya Panji Surèngrana ikangipuk[31] | bang-êbang kang anèng layang | akathah wagêding Panji ||
53. Durma[32]
1. nguni Dewa Kaloran kang dipun sraya | wus mutung angsal malih | sêmana apanggya | Apanji Surèngrana | myang Panji Kartayudèki | anèng ing desa | kapraban gènnya panggih ||
2. pan sinuba-subarsa ginawèng praja | sang dipati tan apti | tan eca tyasira | suka ngadu ulama | arsa dipun pitambuhi | srayane ika | ewuh manawa mutik ||
3. marma ikang rayi bae karo pisan | ikang samya manggihi | mring Ki Murah Panjya | karsanira dipatya | kalamun kasor ing jurit | Ki Murah Panjya | badhe kang dipun ungsi ||
4. dadya suda pangandêle maring Alah | lali kudrating Widi | ngandêl sami jalma | suda yonining yuda | duk srayane durung prapti | wisma katiban | ing gurnat gutuk api ||
5. tan tumama wismane wong Surabaya | mangke akèh
--- [f. 258v] ---
kabêsmi | kawarnaa Amral | lawan rêkyana patya | lan kumêdur pra upêsir | aparêmbagan | myang sagung pra dipati ||
6. asru mojar kumêndur maring apatya | hèh kadyaparan iki | manggung mangkeneya | ing prang datanpa wêkas | pira kèhing obat mimis | lamun manggunga | babêdhilan pribadi ||
7. sun watara sawindu măngsa uwisa | yèn maksiha prang bêdhil | nêdha aprang dhadha | wong Kumpêni akathah | miwah prajurit pasisir | kurang lah apa | kya patih angrojongi ||
8. miwah Amral rêmbag agya undhang-undhang | mring prajurit Kumpêni | myang rêkyana patya | undhang-undhang punggawa | têngara muni kaping tri | sagung gêgaman | budhal saking jro biting ||
9. wong Kumpêni anggarêgutandangira[33] | tata lampahing baris | tingkês jagang ngarsa | amuk kang jinaganan | Jayapuspita winarni | myarsa atata | ngalun-alun abaris ||
10. kang kinarya pangawatêngên arinya | ran Jangrana Ngabèi | pangawate kiwa | sira Jaka Tangkêban | ing dhadha Sang Adipati | Jayapuspita [Jayapuspi...]
--- [f. 259r] ---
[...ta] | pra kaum dèn tindhihi ||
11. amyang ingkang gêgaman awarna-warna | umyang gamlan muni |[34] Carabali munggang | sira sang adipatya | anèng têngah dèn payungi | Kumpêni prapta | lajêng campuh ambêdhil ||
12. pangawate kiwa têngên parêng mangsah | adrês drèling Kumpêni | surak asauran | angrok lawan gamêlan | wus pêtêng kukusing bêdhil | wong Surabaya | lir mina nèng jaladri ||
13. wong Madura nêmpuh samya ngantêp ing prang | myang sagunging pasisir | rame campuhing prang | carub ulêng-ulêngan | Jayapuspita Dipati | sigra tumêdhak | ngabani wong sinêlir ||
14. byuk angamuk nêngah tandange lir yêksa | tingkês dèn obrak-abrik | jagang ting palêsat | wadya kaum lir yêksa | tan kandhêg binendrong bêdhil | ngamuk anunjang | Kumpêni akèh mati ||
15. gya kumêndur mulat ing Kumpêni rusak | akèh ikangêmasi | banting tapiyonya | anêrêgakên bala | Amral samya mangsah jurit | miwah Kapitan | Krasbun para upêsir ||
16. Lutnan van dêr Lele umangsah
--- [f. 259v] ---
ing rana | myang kang para upêsir | ngawaki sadaya | tan ana kang ngucira | ambyuk wong Makasar Bugis | miwah Madura | gya pratiwa pasisir ||
17. anrêgakên bala samya ngantêp ing prang | myang te wong Surawèsthi | tan kewran ing rana | ngamuk lir rasêksendra | parêng anduk para mantri | kadya sinêcang | sarira kuthah gêtih ||
18. drêsing mimis tibanira kadya udan | pasêr bungsur lan lêmbing | wong ing Surabaya | samya wuru ludira | tan ajrih warastra lungid | ingkang palastra | kapungkur tan tinolih ||
54. Pangkur
1. swarane kadya ampuhan | braja tikêl awor sambating kanin | sêbrak suwaking lêlayu | dwaja daludag rêbah | rame kêbyok ginêbyok ing tunggul layu | swarane sêbrak rêkatak | braja putung ting carêngkling ||
2. arame têmpuhing yuda | kuwêl awor ingkang sanjata mati | arame suduk-sinuduk | caruk kêris lan pêdhang | rêmpu braja arame jagur-jinagur | wanèh kang dugang-dinugang | agêlut banting-binanting ||
3. wangke wor susun atumpang | lêbu maltuk madhêt kasiram gêtih | lir tasik suruding ranu | gènira prang sadina | akèh mati
--- [f. 260r] ---
sêsingunên dening marus | asarah ganjur lan watang | lêlumut kumbala kèli ||
4. Kumpêni kalih bragada | ikang tumpês kajawi Ambon Bugis | tanpa wilangan kang lampus | Ambon lawan Mêkasar | lutnan van dêr pêjah lan Kapitan Krasbun | Lutnan Bandhêm palastra |[35] wong Surabaya kèh mati ||
5. awor lir pendah kiyamat | kang ayuda sapih kasaput wêngi | Jayapuspita wus mundur | sawadya parêmbagan | prawirane sadaya sami umatur | suwawi atilar kitha | mingsêr sawetaning kali ||
6. baris ing lawang sayatra | kuthanira pan sampun dèn êbroki | mring Cakrajaya Tumênggung | myang Amral duk sêmana | ana prapta Kumpêni ikang abantu | saking nagri Batawiyah | rong bragada wong Kumpêni ||
7. pangiride Mayor Gustap | lan Kapitan Vardèmês Lutnan Jakim | ing sabrang kasusra kasub | katri prajurit nyata | wus apanggya lan Amral miwah kumêndur | samya suka bantu prapta | wus panggih lawan apatih ||
8. dalu samya parêmbagan | pra nayaka pêpêk ing ngarsa patih | miwah Amralan[36] kumêndur | angling maring apatya | hèh ta paran karsanira [karsa...]
--- [f. 260v] ---
[...nira] ki tumênggung | sira nêngi ing ayuda | sumaur alon apatih ||
9. sun nêngi ngasokên[37] bala | Pangran Cakraningrat nambungi angling | lamun sêmbada ing kayun | lêng nuntên binanjêla | ing ayuda malih mumpung dèrèng kambu | lan malih Jayapuspita | kadange pisah kêkalih ||
10. abaris anèng kapraban | amanggihi srayane Murah Panji | Balèlèng prajurit Bangsul | kalamun sampun nunggal | yêkti awrat sinăngga sadayanipun | salah sawiji rêmpua | kumêndur anampèl wêntis ||
11. latah-latah asru mojar | lah ya iku lêbih bêtul ing pikir | saya lêbih rêmbug sunggu | ing karsanta pangeran | dhasar kêras bèring manah ambêk purun | kumêndur tan bisa mulat | ing rusake wong Kumpêni ||
12. milarsa apêpuliha | ing ayuda ngamuk arsa pêpulih | sakesahing pratiwa rêmbug |[38] miwah rêkyana patya | Amral anut datan kawarna ing dalu | enjing anêmbang tênga |[39] kumrab wadya tata baris ||
13. budhal kang dadya pangawat | Pangran Sampang lan ing Tuban Garêsik |
--- [f. 261r] ---
anêngên Lasêm Sidayu | dening pangawat kiwa | sarupane pasisir barise kumpul | wadya gung tanpa wilangan | yayah robing jalanidi ||
14. kawarna Jayapuspita | pan wus kèngsêr saking sajron nagari | myarsa yèn arsa pinagut | sigra nêmbang têngara | wusayaga ing prang tata barisipun | Ngabèi Jangrana kanan | Jaka Tangkêban angèri ||
15. wus budhal sagung gêgaman | sêdya mapag aprang sakulon kali | Jayapuspita ing pungkur | ginarêbêg ngulama | Dulangmangap sanambang ingkang pinangku | wong Talangpati sanambang | pangawate para mantri ||
16. prapta sakilèning toya | tata gêlar Kumpêni nulya prapti | myang wadya pasisir ambyuk | rame campuhing yuda | parêng anduk sanjata lir prata rug |[40] pêtêng kukusing sundawa | dhêdhêt anglir têngah wêngi ||
17. sumahab wong Surabaya | sarêng mangsah nusup kukusing bêdhil | anêngah wong Talanglampus | Kumpêni tinarajang | tinadhahan ing bêdhil [bêdhi...]
--- [f. 261v] ---
[...l] tan ana mundur | pangêdrèlira Wêlănda | tan agop ambanyu mili ||
18. dhêdhêt kukusing sundawa | wong Madura anêmpuh lan pasisir | saking kanan kèri ambyuk | Jayapuspita ngatag | Dulangmangap Talangpati ja na mundur | padha rêmna netranira | aja na kang nêdya urip ||
19. iki patukuning swarga | utamaning pati aprang lan kapir | wadya Surabaya ngamuk | tan ana nêdya gêsang | kumêroyok ikang katêrajang rêmpu | Kumpêni akathah pêjah | mangsah tulung ikang wuri ||
20. Kapitan van Dèmês lawan | Mayor Gustap kumêndur angawaki | ngamuk nêngah tandangipun | kadya rasêksa krodha | Amral ikang angimpun bala ing pungkur | kalawan Kapitan Tonar | kerid dening Lutnan Jakim ||
21. Kumpêni byuk angantêp prang | Amralira asru hir anèng wuri | wong ing Surabaya liwung | sanjata tanpa karya | caruk pêdhang lan kêris suduk-sinuduk | patih anrêgakên bala | surak umung anèng wuri ||
22. awor swaraning gamêlan | wong ing Surabaya kèh ingkang mati | tan ana kang sêdya mundur | sakèh wong Dulangmangap | Talangpati myang ulama akèh lampus | nanging dèn idak kewala [ke...]
--- [f. 262r] ---
[...wala] | kang urip ngamuk angukih ||
23. Mayor Gustap mingêr ngiwa | lan Wêlănda patang puluh dèn irid | sadaya ngagêm undurbus | manêmpuh saking kiwa | Mayor Gustap prawira sura atangguh | wong Surabaya kèh pêjah | dadya bênggang dèn susuli ||
24. ing gutuk api lan gurnat | tiktak masbum durbus ambanyu mili | ikang katêrajang gêmpur | kunarpa anggalasah | dipatine Jayapuspita nèng pungkur | anglela sapacaranya | bawat kêndhaga lan lampit ||
25. upêt kalawan lantaran | datan owah lênggahe sang dipati | eca lênggah sarwi udud | upête dinamonan | dening rare Kumêndur Gobyoh andulu | mring Dipati Japuspita | eca lênggah dèn payungi ||
26. kumêndur asru bramatya | asru dènnya anrêgakên Kumpêni | mangsah pangêdrèlira sru | Jayapuspita mojar | alah iya kafir êntèkna obatmu | Dipati Jayapuspita | rasukan pranakan putih ||
27. udhêng wungu nyamping limar | brêngès[41] lèmèt abagus agêng inggil | kadya andaga winangun | tingal asmu balalak | wong Kumpêni tan pêgat pangêdrèlipun | swarane lir ruging arga | tan miris sang adipati ||
--- [f. 262v] ---
28. eca gènnya gigit sadak | angandika asru sarwi nudingi | lah dèn pêrak lawan ingsun | kumêndurmu ajokna | sira Jaka Tangkêban awas andulu | yèn kang paman pinarbutan | sigra angingêr turanggi ||
29. pangawatipun dèn tilar | nabêt kuda anandêr pun Mangunsih | ulêsira jajan biru | kasangsang ganjur atap | binendrong ing sanjata tan nêdya mundur | sira Ki Jaka Tangkêban | anom kaduk ing wêwani ||
30. kuda tan angsal anêngah | katadhahan ing ganjur towok lêming[42] | Jaka Tangkêban angamuk | lan watang tinadhahan | ing prajurit Jaka Tangkêban rinêbut | sakingarsa kèri kanan | prajurit akèh ngêmasi ||
31. singa ikang tinarajang | mawur ngarsa piyak tangkêping wuri | myang kiwa têngên anêmpuh | pinarbutdan[43] tan kewran | pangamuke Jaka Tangkêban angiwud | kudane pêjah malumpat | lawunge putung apalih ||
32. lajêng anarik curiga | pangamuke kadya banthèng akanin | para mantri Surèngkewuh | mulat marang Ki Jaka | pinarbutan ing prang sadaya têtulung | byuk angamuk ambêk pêjah | ikang katêrajang ênting ||
33. Ki Jaka Tangkêban prapta | ing ngarsane kang paman adipati | nangis anungkêmi suku | lingya sang adipatya | lah asoa
--- [f. 263r] ---
kulup aja sira ngamuk | sanalika angandika | mungsuh prapta saking kèri ||
34. sira Ngabèi Jangrana | anèng kanan maksih rame ajurit | tan kewran karoban mungsuh | binendrong ing sanjata | ingurugan ing pasêr kalawan bungsur | sira Ngabèi Jangrana | jajanira akrêp kanin ||
35. ing jawi pan ora pasah | ing jro rêmpu kakehan wastra mandi | Ngabèi Jangrana lampus | para mantri umulat | yèn Jangrana palastra sadaya ngamuk | tandangira kadi yêksa | wong Madura anadhahi ||
36. kuwêl agênti curiga | sang dipati wus ingaturan uning | lamun ingkang rayi lampus | Angabèi Jangrana | kagyat ing tyas sang dipati nandhak lawung | arsa mangsah saha wadya | Jaka Tangkêban tan kari ||
37. para mantri Surabaya | mulat ing sang dipati angawaki | pra mantri sarêng umatur | samya èsmu karuna | sampun age paduka ngawaki pupuh | yèn kawula taksih gêsang | ecaa jênêngi buri ||
38. wadyanta taksih akathah | Dulangmangap miwah wong Talangpati | atanapi wadya kaum | samya taksih sudira | ri paduka Ngabèi Jangrana lampus | kawula kang pêpuliha | angandika
--- [f. 263v] ---
sang dipati ||
39. mayo barêng lawan ingwang | angawaki aja na nguciwani | paran ta wêkasanipun | nadyan têkèng pralaya | ararêmpon barêng para mantriningsun | ing sadina iki uga | ingsun nêdya angêmasi ||
40. dèn palangana tan kêna | wusêdhênge[44] ngamuk lan para mantri | samya nêmbah mangsah ngamuk | miwah Jaka Tangkêban | anèngarsa kang para mantri tumutur | anggêrgut wong Dulangmangap | tanapi wong Talangpati ||
41. parêng anduk mangsah dharat | sang dipati ngagêm lawung nindhihi | umyang munggang galaganjur | kang samya nèng pangawat | wus anunggal dadi siji parêng anduk | sang adipati sawadya | tinadhahan ing Kumpêni ||
42. Amral lan kumêndur mulat | yèn Dipati Japuspita ngawaki | gya ngatag upêsiripun | samya nrêgakên bala | mobat-mabit tandangira gya Kumêndur | Gobyoh asru hir ing bala | anjrit asru banting topi ||
43. wong pasisir myang Madura | parêng nêmpuh para mantri ngawaki | wadyèng Surabaya liwung | kang katarajang gêmpang | myang prajurit Kumpêni akathah lampus | sira Ki Jaka Tangkêban | angiwud lan para mantri ||
44. Dipati Jayapuspita | anèng wuri kadya binayangkari | ingiring ing galaganjur |
--- [f. 264r] ---
munggang muni angangkang | Carabali abarung pating jalêgur | Kumpêni ebatumingal[45] | sakarinira kang mati ||
45. tan kandhêg pangêdrèlira | sira Jayapuspita anadhahi | asru dènira amuwus | lah iya lanat kofar | madhatia angusung obat mimismu | rêbutên Jayapuspita | lajêre wong Surawèsthi ||
46. para mantri Surabaya | samya ngamuk sarwa atawan tangis | wus kawarta pêjahipun | Angabèi Jangrana | para rabinira sadaya anusul | myang rabining adipatya | sami nusul tawan tangis ||
47. sapraptanira payudan | para gêrwa samya anjrit nungkêmi | ing pada ngaturi kondur | adangdanana bala | benjang yèn wus para kadang padha kumpul | anunggil dadosatunggal[46] | sêdhêng umaguta malih ||
48. pun Apanji Kartayuda | atanapi pun Surèngrana Panji | dipati kewran ing kalbu | ginubêl para gêrwa | mundur alon Kumpêni sadaya anglud | angiring wong Surabaya | anut wuri ambêdhili ||
49. undure wong Surabaya | datan owah tatanira lumaris | atarung bari lumaku | umyang ingkang gamêlan | samya bali Kumpêni kasaput dalu | wadya kang mati ing rana | caruk [ca...]
--- [f. 264v] ---
[...ruk] wor datanpa wilis ||
50. Kya Tumênggung Cakrajaya | lawan Amral amakuwon salêbêting nagari |[47] Jayapuspita wus rawuh | pakuwonira lama | anèng lawang sayatra ikang winuwus | sira Panji Kartayuda | myang Panji Surèngranèki ||
51. dalu amiyarsa warta | yèn kang raka kasoran ing ajurit | wadya rêmpu ari lampus | Angabèi Jangrana | kalih agya budhal saha wadyanipun | prapta ngarsane kang raka | ginub[48] lir ngajak mijil |[49]|
55. Mijil
1. samya sumungkêm ing pada kalih | arinira karo | samya angasih-asih ature | Panji Surèngrana atanapi | Kartayuda Panji | mring raka turipun ||
2. lah suwawi kakang adipati | tumuntêna miyos | saking praja amrih ingkang ombèr | sompoking papan maksihèng ngriki | wataking Kumpêni | dhêmên mungsuh tangguh ||
3. angandika aris sang dipati | yayi karsaningong | ararêmpon jroning praja bae | nadyan kêthèn awêndran Kumpêni | lan wong Surawèsthi | atandhinga jitus ||
4. ingsun nyayi tanêdya gumingsir | tumpêsa palugon | parêng lawan mantriningsun kabèh | ikang rayi mêksa angaturi | nugil Murah Panji | Balèlèng apêngkuh ||
--- [f. 265r] ---
5. sang adipati angling anari | mring prajuritnya lon | myang pra kaum ngapinjal ature | satêngahe na ngulama angling | yènunggala[50] Panji | Balèlèng tan antuk ||
6. ing prang sabil dening kanthi kafir | dadine akêthoh | modin nawang aris ing wuwuse | nadyan silih akanthia kapir | prajurit ing Bali | kafir atêtulung ||
7. Si Wêlănda kafir tur ajail | asikara angrong | pasanakan asru pangarahe | dadya akèh kang rêmbugumingsir[51] | saking jro nêgari | ari kalihipun ||
8. sangêt dènira samya ngaturi | ing raka angepon | dadya dipati giwang ing tyase | budhal angumpul barising ari | sira sang dipati | ing Kapraban rawuh ||
9. amung kèndêl rong dina rong bêngi | dipati gya bodhol | mring Kaputran kêkêl pakuwone | sawadya Nusakambangan Panji | Balèlèng abaris | Kaputran atugur ||
10. datan anunggil dènira baris | sang dipati adoh | lan Apanji Balèlèng prênahe | saha wadya apajêg mirangti | nahan adipati | Amral kang winuwus ||
11. lawan apatih wus myarsa warti | yèn dipati bodhol | saking pintu sayatra barise | anèng Kaputran gènira baris |
--- [f. 265v] ---
nunggal Murah Panji | kumêndur sêdya nglud ||
12. nanging Amral datan angrêmbugi | tyasing patih ewoh | nging kumêndur sangêt pamêksane | dan aparentah rêkyana patih | mring sagung bupati | ngurunana wadu ||
13. kalih bragada wadya Kumpêni | kang ginawa bodhol | miwah wadya urunan tindhihe | sapunggawane mantri kêkalih | Amralan apatih | ngari anèng kuwu ||
14. amung anguruni para mantri | kang maring palugon | tan winarna ing marga lampahe | praptèng Kaputran pinapag jurit | wong ing Surawèsthi | tan nolèh ing pungkur ||
56. Pangkur
1. arame têmpuhing yuda | wong ing Suraba amirangtèni |[52] pêrangira ngundur-undur | amrih papan ing Wana- | krama rumpil sapraptanira kumêndur | bèr manah akaduk sura | ing Kaputran dèn anciki ||
2. dèn nyana wong Surabaya | palayune iya lumayu kanji | kumêndur tumutur anglud | marang ing Wanakrama | wus arangkah wong Surabaya nèng ngriku | Kumpêni kang anglud prapta | gya pinapag ing ajurit ||
3. sira Panji Kartayuda | lawan Panji Surèngrana nindhihi | kang raka jênêngi pungkur | rame campuhing yuda | Panji Surèngrana ngagêm watang ngamuk [ngamu...]
--- [f. 266r] ---
[...k] | lir banthèng atawan brana | wadya Bali anguruni ||
4. kalih atus pêpilihan | ngamuk rampak tinadhahan Kumpêni | ingêdrèl tan ana mundur | Kumpêni akèh pêjah | sabragada kang mati wong Jawa mawur | sasaran asalang tunjang | lêlumbungan wong Kumpêni ||
5. kumêndur asru bramatya | mobat-mabit ngajak ngamuk tan olih | papan milane kumêndur | gêrêng-gêrêng tan owah | barisira Kumpêni kalangkung rêmpu | wataking wong wus kapapan | akiwul-kiwul tan olih ||
6. para mantri kang lumajar | sapraptane ing ngarsane apatih | kagyat amiyarsa atur | sigra undhang têngara | bêndhe bèri gumuruh wadya akumpul | budhal arsa tulung ing prang | Pangran Sampang kang nindhihi ||
7. agya lampahe kapapag | kang kaplajar ing marga wong Kumpêni | maksih asru dèn bêbujung | dening wong Surabaya | wong Madura mêgati parêng anêmpuh | rame ananggulang ing prang | dadya uwaling Kumpêni ||
8. wong Madura yudanira | ngundur-undur umêksa ing Kumpêni | wong ing Surabaya anglud | nanging para dipatya | myang Kumpêni kang bantu saya kèh rawuh | mundur wong ing Surabaya | maring Wanakrama baris ||
--- [f. 266v] ---
9. kacarita tigang wulan | anèng Wanakrama sang adipati | eca dènira kêkuwu | tan ana magut ing prang | eca dènnya kasukan wong Surèngkewuh | pajêg anèng Wanakrama | gêng alit tan ana mulih ||
10. dukinêpung[53] anèng kitha | pitung sasi lamine wong pasisir | gènnya sami baris tugur | miwah wong Kartasura | myang Kumpêni tan ana wani amagut | eca samya dhêp-adhêpan | nahan kawarna sang aji ||
11. Kartasura sampun myarsa | yèn kang aprang kasor wadya kèh mati | lèn Kumpêni kathah lampus | mangkana ta winarna | aparentah sang nata akèn abantu | sakèh wong ing Pamajêgan | Banyumas Banjar kinêrig ||
12. Mardèn Panjêr lawan Rema | atanapi Pamajêgan Matawis | kinarya têtindhihipun | Dêmang Jayawinata | lawan Jayasamodra kang ngirid laku | wus budhal saking nêgara | datan kawarna ing margi ||
13. praptèng nagri Surabaya | Dêmang Jawinata panggya patih |[54] miwah Amral wus acundhuk | Dêmang Jayawinata | sakancane wus pinarnahakên kuwu | nahan gantia winarna | prajurit kang saking Bali ||
14. srayane Pangeran Sampang | ingkang seda ing lautan ing nguni |
--- [f. 267r] ---
amèt sraya ing wong Bangsul | Dewa Kêtut wastanya | mangke prapta anggawa prajurit sèwu | praptèng kitha Patunjungan | myarsa pangran wus ngêmasi ||
15. ngamuk anèng palwa kapal | gih punika inguni kang nyuruhi | Dewa Kêtut asru ngungun | dadya akèn bêbahak | wong Madura gègèr akathah kang nusul | maring nagri Surabaya | atur uningèng dipati ||
16. lamun ana mungsuh prapta | saking Bali Dewa Kêtut namèki | ambêkta prajurit sèwu | pangeran gya tur wikan | mring apatya lèn Amral samya amuwus | maring Pangeran Madura | lah age dika ulihi ||
17. Pangeran Sampang turira | pan punika ènthèng kapanggih ngwuri | yêkti kang awrat rinêbut | kapanggiha ing wuntat | ing Madura kawula mangke angutus | inggih pun Cakranagara | ikang kawula kèn mulih ||
18. mring Madura anggitika | mungsuh Bali angandika apatih | inggih yèn makatên sokur | karsa andika pangran | sigra budhal angirid prajurit sèwu | Rahadèn Cakranagara | mancal saking Surawèsthi ||
19. ya ta kawarnaa atmral | duk sêmana atur sêksi ing patih | dening polahe kumêndur | lêkasirèng ayuda | dènnya ngadu Kumpêni kalangkung rusuh | buta [bu...]
--- [f. 267v] ---
[...ta] tuli ambêk sura | karya rusaking Kumpêni ||
20. sigra Mral arsa tur surat | mring durnadur jindralèn pra Rat Fêni | yèn tinêtêpna kumêndur | dadi kanthi manira | anèng Surabaya Amral arsa mutung | mulih mring nagri Wêlănda | tan arsa nglampahi kardi ||
21. Kya Tumênggung Cakrajaya | sampun jinalukan tăndhasta tulis | gya umêsat dutanipun | ing lautan[55] winarna | lampahira duta ing Batawi rawuh | tundhuk lan Rat van Indiya | surat agya dèn tupèksi ||
22. pêpêk samya abicara | idlèr rolas ganti-ganti nupèksi | dadya katur ing gurnadur | jendral Rat van Inrima[56] | mring ature Amral ing mangkya kumêndur | pinanggil wus ingutusan | pinarlos anèng Batawi ||
23. nahan ganti kawarnaa | Radèn Jimat ing Sampang lagya prapti | lajêng apanggih lan mungsuh | rame campuhing yuda | Radèn Jimat prawira sudirèng kewuh | wong Bali akathah pêjah | sigra ingajak badhami ||
24. ingipuk ingêla-êla | Radèn Cakranagara de wong Bali | supe dhatêng kadang sêpuh | ingadêgkên dipatya | Radèn Jimat sêmana sampun jêjuluk | Pangeran Anyakraningrat | barise sampun adadi ||
25. ikang kinarya mênggala | ing prang aran Radèn Sewanêgarèki |[57] wadya ing Madura suyud | wus katur ing
--- [f. 268r] ---
Pangeran | Cakraningrat ikang anèng Surèngkewuh | kagyat wagugên ing driya | sigra tur uningèng patih ||
26. yèn ari Cakranagara | mangke băngga akait lan wong Bali | pun Dewa Kêtut kang mangku | wus jumênêng dipatya | ing Madura lan sampun mawi jêjuluk | Pangeran Anyakraningrat | Kya Cakrajaya apikir ||
27. lan sagung para punggawa | miwah Amral karsanira apatih | aja angeroni laku | salah siji abisa | sigra undhang-undhanga sawegèng pupuh | miwah Amral aparentah | angundhangi wong Kumpêni ||
28. Mayor Gustap kang dinuta | anggitika ing Wanakrama ngirid | Kumpêni dharat kèhipun | kalih bragada budhal | lawan para bupati pasisir kêbut | mung kari Amral lan patya | Kumpêni sadaya kêrig ||
29. tan kawarna lampahira | praptèng Wanakrama sagunging baris | kagyat wadyèng Surèngkewuh | sigra nêmbang têngara | gubar bèri kêndhang gong bêndhe angungkung | Dipati Jayapuspita | sigra miyos ing ajurit ||
30. wong Surabaya kumêrab | para ari Surèngrana Apanji | kalih samya anèngayun | lan Panji Kartayuda | campuhing prang arame surak lir guntur | Mayor Gustap hir ing wadya | Kumpêni êdrèlira tri ||
31. wus karsaning Hyang mangkana | wong ing
--- [f. 268v] ---
Surabaya wor lawan kafir | angambil sraya wong Bangsul | mila jayane ilang | dening ginggang pangandêlirèng Hyang Agung | Surèngrana Kartayuda | samya ngantêp ing ajurit ||
32. ngamuk anêdya palastra | para mantri byuk anêmpuh Kumpêni | pinapag ing drèlira byuk | lir gunturing prawata | awor suraking wadya kêndhang gong tambur | wong Surabaya kèh pêjah | Jayapuspita jênêngi ||
33. têdhak anrêgakên wadya | ngamuk nêngah sakèhing para mantri | karoban ing mungsuh agung | wong pasisir sadaya | parêng ambyuk Ngabèi Tohjaya ngamuk | lawan Radèn Sirnayuda | ikang katêrajang ênting ||
34. Răngga Wanèngpati pêjah | Dêmang Êbês Surèngpati ngêmasi | andêle wong Surèngkewuh | Sindubaya palastra | têtunggule Dêmang Sêcapura tatu | mangsah Panji Surèngrana | wadya Bali dèn tindhihi ||
35. mangamuk awor Wêlănda | ulêt caruk pêdhang kalawan kêris | wong pasisir byuk angrubut | rame prang agêmporan | Panji Surèngrana pangamuke liwung | tan tumama sara tiksna | kokila gêmpung nambêri ||
57. Dhandhanggula
1. Dipati Jayapuspita runtik | anandhak watang arsa ngamuka | rinêbut para mantrine | samya ngaturi kondur | benjing ngawakana ing jurit | yèn abdine sadaya [sada...]
--- [f. 269r] ---
[...ya] | sampun kabarubuh | suwawi ngucali papan | ingkang èwêd atilar ing Surawèsthi | suwawi dhatêng Japan ||
2. taksih sompok yèn wontên ing ngriki | suwawi mapan dhatêng ing Japan | asoa murih ombère | lan pênêd papanipun | nagri kaideran ing lusi | Apanji Surèngrana | rèh puniku rêmbug | dipati mundur lon-lonan | wong Kumpêni anglud samya ambêdhili | maring wong Surabaya ||
3. anadhahi prang bari lumaris | eca dènira ababêdhilan | yèn Wêlănda kras panglude | ingandhêgan ingamuk | dadya bênggang gènira bêdhil | saking ing doh drèlira | praptèng bitingipun | mangsuk wadyèng Surabaya | amakuwon kandhêg pangluding Kumpêni | tanna wani ngrabasa ||
4. dhêdhêg anèng sajawining biting | wong Surabaya kala sêmana | undhang dangdan sarayate | abusêkan sadalu | enjing budhal wong Surawèsthi | saking ing Wanakrama | pawèstri adulur | rêrepot samya nèngarsa | lampahira lir pindah praja angalih | samarga têtabuhan ||
5. sarupaning kriya tanna kari | adipati lumampah ing wuntat | ginarêbêg prajurite | watara pitung èwu | lan kang rayi kalih wus nunggil | wadya
--- [f. 269v] ---
Kumpêni mulat | ing jro biting suwung | suka samya ngrurah jagang | samya manjing ing jro biting tan angusir | ngêbroki pabitingan ||
6. ya ta winarna Sang Adipati | Jayapuspita lampahe prapta | nagri Japan sawadyane | têtêp samya kêkuwu | ya ta mundur baris Kumpêni | mring kitha Surabaya | dadosakên rêmbug | amukul mungsuh ing Sampang | kang mandhiri Kya Cakrajaya Apatih | wus amatah punggawa ||
7. miwah Amral wus matah Kumpêni | Mayor Gustap tinuduh ing Amral | Kapitan Tonar kanthine | sabragada sradadu | têtindhihe Kapitan Bèngsing | gya Pangeran Madura | umangkat rumuhun | Kumpêni tumutur budhal | duk sêmana Kya Cakrajaya Apatih | duta tur uning nata ||
8. kawarnaa kang anèng Sêmawis | sira Tumênggung Kartanagara | angasokakên wadyane | wus katur ing sang prabu | ingandikan mulih tumuli | prapta ing Kartasura | katur bala rêmpu | brasthèng palagan narendra | ngungun amiyarsa aturirèng abdi | nahan ganti kawarna ||
9. dutanira Cakrajaya Patih | lampahira praptèng Kartasura | katur ing nata surate | tinupiksa kawêngku | mutadaning surat wus mijil | sul-angsuling narendra | sinungkên duta wus | tinulak agya
--- [f. 270r] ---
umêsat | nahan ingkang maring Madura wus prapti | lajêng campuh ayuda ||
10. anèng Malaya gènira jurit | Dewa Kêtut sudira ing rana | Kumpêni akathah longe | buri akathah rawuh | byuk ambêdhil lir banyu mili | Radèn Cakranagara | saha wadya mundur | maring kitha Patunjungan | Pangran Cakraningrat prapta lan Kumpêni | arsa angrurah kitha ||
11. Dewa Kêtut sawadya abaris | ing alun-alun samya mêlatar | wong Bali wus miris tyase | nulya Kumpêni rawuh | datan agop dènnya bêdhili | wadya Bali atadhah | wong madura nêmpuh | arame campuhing yuda | Dewa Kêtut prakosa sura ing jurit | wong Madura kèh pêjah ||
12. mawur ngungsi wurining Kumpêni | saya adrês drèlira Wêlănda | mimis lir udan tibane | rusak wadya ing Bangsul | Dewa Kêtut mangsah ngawaki | Wêlănda akèh pêjah | Mayor Gustap dulu | yèn Wêlănda kèh palastra | hir ing bala Kumpêni parêng angukih | myang pasisir sadaya ||
13. parêng anduk nêmpuh kanan kèri | wadya Nusakambangan kawratan | akèh mati prajurite | ikang bagna lumayu | Pangran Jimat wadyanira nting | gumingsir saking praja | lawan Dewa Kêtut | myang Radèn Sewanagara [Sewanaga...]
--- [f. 270v] ---
[...ra] | ngalor ngetan Kumpêni anglud bêdhili | nut wuri alon-lonan ||
14. wus anumpak nabrang maring Bali | Radèn Jimat lan Sewanagara | ginawa karo arahe | ing benjang malih wangsul | yèn wis asayaga Kumpêni | wus bali maring praja | sira Dewa Kêtut | tan alama dènnya ngambang | anèng laut layar mulih maring Bali | ing Sampang kawarnaa ||
15. Kumpêni mulih mring Surawèsthi | Pangeran Sampang kari sawadya | anata praja ruwêde | Mayor Gustap gya rawuh | Surabaya tundhuk apatih | miwah ing tuwan Amral | sasolahe katur | ing patya kalawan tawan | saking Sampang linajêngakên tumuli | katur mring Kartasura ||
16. kawarnaa dutanira patih | ikang saking Kartasura prapta | tundhuk patya nêdhakake | srat dalêm angsul-angsul | lawan malih nata maringi | srat nawala sakawan | kang jinungjung lungguh | Rahadèn Suryawinata | lawan Sasrawinata sinung nêgari | karo ing Surabaya ||
17. dadya bupatinira kêkalih | Suryawinata Sasrawinata | nawala pinaringake | ingkang satunggalipun | nwala dalêm marang kang abdi | sira Răngga Prêmana [Prêma...]
--- [f. 271r] ---
[...na] | sinungan lêlungguh | panêgari ing Lamongan | sira Răngga Prêmana suka ing ati | nêmbah tampi nawala ||
18. dening ikang satunggile malih | maring panakawan alit mila | duk maksih Kapugêrane | pun Săngka wastanipun | duk Ki Wirasantika nguni | ginanjar nagri Jipang | sinung ran Tumênggung | Surawijaya ing Jipang | ya Ki Săngka ginawa kinarya patih | saking timbalan nata ||
19. mangkya Surawijaya ngêmasi | tilar anak lit-alit sadaya | dèrèng kawawa ing gawe | Ki Săngka kang jinungjung | pinatêdhan Jipang nêgari | saha sinungan aran | Tumênggung Mataun | gya Tumênggung Cakrajaya | undhang akèn ngèstrèni karsaning aji | myang Amral pra kapitan ||
20. ya ta ikang kawarnaa malih | sira Dipati Jayapuspita | kitha ing Japan kuwune | pra kadange akumpul | atanapi Ki Murah Panji | Balèlèng anèng Japan | nanging doh gènipun | kalawan Jayapuspita | duk sêmana parêmbagan lan kang rayi | prakara ing ayuda ||
21. kacarita sira Murah Panji | nênuhun arinira dipatya | Ki Panji Kartayudane | dèn suhun namanipun | dèn lihêna aja [a...]
--- [f. 271v] ---
[...ja] ran Panji | yèn tan tinurutana | sêdya amit mantuk | duk sêmana tinurutan | ikang rayi namanira wus ingalih | ran Dêmang Kartayuda ||
22. dening arinira kang sawiji | sang dipatya tan wani ngalihna | Panji Surèngrana rane | dening patêdhanipun | nata kala anèng Sêmawis | sêmana sang dipatya | kang rayi tinuduh | anggitik măncanagara | Dêmang Kartayuda tinuduh anggitik | Madiun Pranaraga ||
23. ing Kadhiri kang wus nungkul dhingin | Kartasana ing Pace Balitar | Sarêngat Rawa Kalangbrèt | wus budhal kang ingutus | saking nagri Japan prajurit | dhomas ingkang binêkta | têtindhihing laku | sira Dêmang Kartayuda | wus angancik Caruban dipati kalih | Madiun Pranaraga ||
24. lagi prapta saking Surawèsthi | lagya so lajêng sawega ing prang | myarsa linanggar prajane | angumpul ing Madiun | Dêmang Kartayuda winarni | budhal saking Caruban | prapta ing Madiun | abaris wetaning kutha | wadya măncanagara mapag ing jurit | rame campuhing yuda ||
25. Dêmang Kartayuda anindhihi | ambyuk angamuk wong Surabaya | wong măncanagri kèh longe | ikang bagna sumawur | tan atahan arêbut dhingin | prajanira kancikan | tan lawas anungkul | maring Dêmang Kartayuda | sakathahe
--- [f. 272r] ---
bupati măncanêgari | kinrig abaris nunggal ||
26. Dêmang Kartayuda budhal ngancik | Jagaraga kang maring Kaduwang | mantri roro têtindhihe | Tambakyuda ranipun | lan Ki Wiratanu angirid | sikêping yuda samas | tan kawarnèng ênu | praptèng Kaduwang tan ana | mapag ing prang wong Surabaya abaris | anèng kitha Kaduwang ||
27. têkèng Wiraka dènnya ngirupi | nahan Dêmang Kartayuda ikang | anèng Jagraga barise | datan amanggih mungsuh | ya ta majêng baris ing Kiping | wadya ingkang pangarsa | abaris ing Mungkung | nahan ikang kawarnaa | naradipa langkung wagugên ing galih | dening midhangêt warta ||
28. pambalike wong măncanêgari | gègèr têpis iring Kartasura | wong Surabaya têkane | ikang baris ing Mungkung | nungkul sagung wong Sokawati | samya jrih anglawana | tan kawawèng ripu | miwah kang anèng Kaduwang | wus anglanjak baris sakilèning kali | urut Laroh kabahak ||
29. dadya kapit sungkawanira ji | dening kang putra Pangran Purbaya | dadi bicara badhene | Kumpêni agung-agung | panuhune dhatêng nêrpati | pangeran dèn longana | gêgadhuhanipun | mariyême dèn pundhuta | lawan lawang bêbutulan kang mring puri | punika dèn buntua ||
30. wawêngkone [wawêng...]
--- [f. 272v] ---
[...kone] samya dèn pundhuti | Kalang Gowong pinggir Tuwabêdhag | dharat myang Pamajêgane | Banyumas lan Matarum | pan sadaya dipun pundhuti | mila nata grah ing tyas | dening tanaya nung | dadya atising driyanya | Pangran Adipati Balitar tinuding | dening kang rama nata ||
31. kinèn maring Kaduwang angirid | wadya Kaparak lawan kang raka | Pangran Dipanêgarane | sarêngira tinuduh | maring Jagaraga nêgari | angundurêna mêngsah | kang abaris tugur | ing Kiping wong Surabaya | putra kalih wusawega parêng amit | ing rama parêng budhal ||
32. anujoni ing taun Jimakhir | paksa karya obahing bantala |[58] putra kalih pangluruge | gêgaman sri dinulu | sapraptaning wetan Samanggi | gènnya amisah lampah | kang rayi angidul | Pangeran Dipanagara | ngalor ngetan praptèng Gêrompol amrêgil | dening Pangran Balitar ||
33. lampahira Kêpuhbuta mrêgil | pangajênge praptèng Ngadiraja | Garwakăndha[59] têtindhihe | dhasar wadananipun | wong kaparak amung sawiji | kiwa têngên Ki Garwa- | kăndha kang amêngku | nahan ganti kawarnaa | Tambakbaya lan Wiratanu udani | wong Kartasura têka ||
34. ingkang angirid baris putra ji | agya mundur maring Pranaraga | pangajêng Kartasura [Karta...]
--- [f. 273r] ---
[...sura] ge | budhal barise maju | mring Kaduwang pangran amrêgil | anèng ing Ngadiraja | enjingira laju | budhal mring kitha Kaduwang | nahan Pangran Dipanagara kang lagi | jêng-ajêngan ing yuda ||
35. lan wong Surabaya dèrèng jurit | kasaru wontên srat dalêm prapta | tinupiksa wor lamate | muni poma ta kulup | surat aja sira ungkabi | besuk tupiksanana | yèn sira wus têmu | lawan Si Jayapuspita | ingkang surat pan sampun tiningkêm malih | pangran angunadika ||
36. surasaning driya wus kapanggih | sira Pangeran Dipanagara | nguni wus dèn lêlèjême | dadya ing tyas amupus | ngadêg suranira ing galih | Pangran Dipanagara | animbali gupuh | kang ipe prapta ing ngarsa | Radèn Arya Wiradirja kang wêwangi | anulya binisikan ||
37. mêsat datan kawarna ing margi | praptèng Kiping panggya Kartayuda | wus kawrat saprakarane | duta wus amit mundur | lampahira datanpa kanthi | Ariya Wiradirja | ing saungkuripun | suka Dêmang Kartayuda | asawega agya akèn angundhangi | prajurit arsa mapag ||
38. mring Pandonan arsa amondhongi | maring Pangeran Dipanagara | Dyan Wiradirja lampahe | prapta ing ngarsanipun | pangran matur sasolahnya [sasolah...]
--- [f. 273v] ---
[...nya] nting | katur dhatêng pangeran | akgya[60] undhang wadu | sêmana kang tinindhihan | wadya Kalang Gowong lan abdi pêpinggir | miwah wadya arahan ||
39. pangran aris ngandika mring dasih | iya sapa kang trêsna maringwang | wadyaningsun sarupane | anusula maringsun | besuk yèn wis kambu kang baris | ing mêngko ta maksiha | apajêg barismu | nunggala wong Kartasura | lamun bubar aja sira pisah têbih | ing besuk amisaha ||
40. yèn wis antara têka sawêngi | dèn age padha sira balia | para gêrwaningsun kabèh | aja na kapalaur | lah tinggalên sajroning biting | kawarnaa Ki Dêmang | Kartayuda rawuh | sawadya bêndhe angangkang | umung surak awor lawan Carabali | gumêrah anggêgila ||
41. apuyêngan kang anèng jro biting | wong Kartasura agya sawega | pangran mêdal jaban bètèng | dènira ngandika sru | maring sagung kang para mantri | iya aja na obah | ingsun arsa wêruh | rupane mungsuh kang prapta | têtunggule pangran agya nitih waji | lan panakawan sêpta ||
42. maprung anandêr anulya prapti | panggih lawan Dêmang Kartayuda | wadya buri sru gègère | sigra Pangran Madiun | kang tinuduh angrurah biting | budhal nrêgakên wadya | kumrab wong Madiun | anggêrgut marpêki jagang |
--- [f. 274r] ---
wadya Kartasura tan nêdya nadhahi | gègèr sadaya bubar ||
43. kêbut angisis sakèhing baris | mung kari para gêrwane pangran | kari jroning biting kabèh | tanna tumut lumayu | para gêrwa wus dèn pondhongi | mring wong măncanêgara | pangran kang wus cundhuk | lawan Dêmang Kartayuda | duk sêmana bawarasa turut margi | tan winarna ing marga ||
44. praptèng kitha Madiun amrêgil | Dêmang Kartayuda agya matah | kang tunggu pabitingane | myang ikang dadi cucuk | ing prang maksih têtêp abaris | aja na lunga-lunga | têkèng Kali Mungkung | kang buru wong Kartasura | praptèng desa Pacangakan padha bali | mring Mungkung barisira ||
45. têtindhihira mantri kêkalih | Răngga Macanlola wastanira | Kêbokili satunggile | karwa andêling kewuh | nahan ingkang kawarna malih | Ki Dêmang Kartayuda | Kartasana rawuh | sagung wong măncanagara | tinilar ing Madiun kinèn nênggani | para gêrwane pangran ||
46. lajêng lampahe praptèng Kadhiri | Dêmang Kartayuda tur uninga | ing raka mêsat dutane | prapta ing Japan matur | mring dipati sawlinging ari | sukèng tyas sang dipatya | angundhangi wadu | prajurit samya sayaga | atanapi Murah Panji dèn aturi | mapag dhatêng pangeran ||
47. budhal sawadya sang adipati [a...]
--- [f. 274v] ---
[...dipati] | tan kawarna ing marga wus prapta | ngalas tri wulan lampahe | kèndêl agya kang wadu | karya pasanggrahan wus dadi | gya Dêmang Kartayuda | lan pangeran rawuh | tundhuk lawan sang dipatya | rêrangkulan dipati matur dhuh gusti | tan adipe[61] pêpanggya ||
48. lan paduka asrêpe kang galih | kadya karoban samodra kilang | agring mèh lina pamine | sarawuh jêng pukulun | gya pangeran ambuka tulis | kêkirime kang rama | tinupiksèng kalbu | ganti sami anupiksa | lan dipati kadriya timbalannya ji | suka sang adipatya ||
49. mangkana nuju dina Rêspati | Pangran Dipanagara ingangkat | jinungjung umadêg raje | asêsilih jêjuluk | Panêmbahan Èrucakrèki | Senapati Ngalaga | samana wus umum | samya ngèstrèni sadaya | yèn pangeran ing mangke wus silih kasih | Panbahan Èrucakra ||
50. dening Jayapuspita Dipati | Panatagama jêjulukira | Apanji Surèngrana ge | wusinungan jêjuluk | Adipati Martapurèki | Ki Dêmang Kartayuda | sinungan jêjuluk | Dipati Sasranagara | sira Jaka Tangkêban sinungan kasih | Angabèi Jangrana ||
51. Panêmbahan sampun dèn aturi | upacara busananing nata | myang
--- [f. 275r] ---
wadya magêrsarine | prajurit pitung atus | ikang kawan atus wong Bali | sangkêp sagêgamannya | busana sri murub | samya sêsondhèr rang-rangan | tan kêna sah catur tus prajurit Bali | kalawan panêmbahan ||
52. lurahira kêkasih Ki Muni | lan Ki Mulat ana malih prapta | bantoni Panji Balèlèng | kêkasih Gusi Agung | bakta limang atus prajurit | Dipati Martapura | alon aturipun | wau dhatêng Panêmbahan | Èrucakra punapa karsaning gusti | prakawising ayuda ||
53. yèn suwawi lan karsaning gusti | ngadhatona nagara ing Daha | ecaa sineba bae | dening prakarèng ripu | angamungna pun Adipati | Martapura kawawa | ananggulang mungsuh | panêmbahan angandika | sun tarima ki raka sun angawaki | sêsinau ing yuda ||
54. matur malih pun kakang Dipati | Sasranagara kawula bêkta | lan măncanêgari kabèh | sawetan Ardi Lawu | sampun owah kadya ing nguni | taksiha nèng pun kakang | kangarêpna[62] mungsuh | Surabaya gih pun kakang | Adipati Panatagama lan Panji | ngarêpêna Wêlănda ||
55. dadining rêmbag satêngah sasi | laminira gènnya nèng Trawulan | nulya budhal sawadyane | saking Trawulan kêbut | Adipati Nataagami [Nata...]
--- [f. 275v] ---
[...agami] | ngatêrakên ing marga | gya tinulak wangsul | risampune jawab[63] tangan | kur-ungkuran Sasranagara Dipati | kang milyèng panêmbahan ||
56. tan kawarna lampahirèng margi | Panêmbahan Èrucakra prapta | ing Madiun sawadyane | pra gêrwa samya mêthuk | miwah wadya wus padha prapti | wadya Dipanêgaran | sadaya anusul | mring Madiun wus apanggya | lawan gusti miwah wong măncanêgari | sumiwèng panêmbahan ||
57. Adipati Sasranêgara glis | undhang-undhang asru dènnya mojar | hèh padha pyarsakna kabèh | pangran wus madêg prabu | jinungjung ing kakang dipati | jêjuluk Panêmbahan | Èrucakra nêrus | Senapati Ing Palagan | Ngabdurrahman Panatagama ing Jawi | padha angèstokêna ||
58. angèstrènana jênênge aji | Panêmbahan Èrucakra ikang | angranggoni amêngku ngrèh | sawetan Ardi Lawu | sakidule ing jalanidi | sakulon Bêlambangan | kabèh kang amêngku | Panêmbahan Èrucakra | wadya măncanagara samya ngèstrèni | lènte wong Èrucakran ||
59. panêmbahan akèn angundhangi | mring sakèhe wong măncanagara | yèn Dêmang Kartayudane | wus sinungan jêjuluk |
--- [f. 276r] ---
Adipati Sasranêgari | wus mufakat sadaya | sêmana winuwus | Panêmbahan Èrucakra | kalanira siniwèng para dipati | pinarêk ing dhêdhampar ||
60. kang mangka pamugarining jurit | sira Dipati Sasranagara | angrèh para prawira kèh | tatag prawira têguh | ambêk sura titihing jurit | ênêngakna sêmana | ganti kang winuwus | Dipati Panatagama | maksèng Japan sigra anuduh kang rayi | banjêl mring Surabaya ||
61. Adipati Martapura aglis | budhalawan[64] Ngabèi Jangrana | pratèng Sapanjang lampahe | wadya ikang pangayun | sabên dina campuh ing jurit | nanging datan winarna | kang samyanggung campuh | wau ikang winarnaa | Jêng Pangeran Balitar wus myarsa warti | kalamun ingkang raka ||
62. Pangran Dipanagara ambalik | anèng Madiun umadêg raja | suyud măncanagri kabèh | gya pangeran anuduh | atur uning rama sang aji | dutanira wus mêsat | Kartasura rawuh | surat katur ing narendra | tinupiksa kampita driyanira ji | nêhêr agya parentah ||
63. wadya gêdhong tinuduh sapalih | ambantoni Pangeran Balitar | budhal mantri sasikêpe | timbalane sang prabu | kinèn ngangsêgêna kang baris [ba...]
--- [f. 276v] ---
[...ris] | marang ing Pranaraga | tan kawarnèng laku- | nira wadya gêdhong prapta | kang bantoni caraka ikang angirid | tundhuk lawan pangeran ||
64. wus kadriya timbalaning aji | nulya undhang bala lajêng budhal | saking tiris sawadyane | Gêrwakăndha nèngayun | cucuking prang Panji Tohpati | Kartabasa kalawan | Sêcadironèku | praptèng nagri Pranaraga | mingêr ngalèr praptèng Gêgadhêg abaris | pangran nèng Pranaraga ||
65. Panêmbahan Èrucakra myarsi | yèn kang rayi ngangsêg barisira | agya undhang punggawane | budhal arsa amêthuk | ing ayuda sira Dipati | Sasranêgara ngarsa | lawan Gusi Agung | prajurit Nusakambangan | lampahira ing Gêgadhêg agya prapti | lajêng campuh ing yuda ||
66. Gêrwakăndha ingkang anindhihi | wadya Kaparak wong Balitaran | Sêcadirana tindhihe | rame campuhing ripu | Adipati Sasranêgari | sigra nrêgakên wadya | wong Surabayanduk | tadhah wong ing Balitaran | gulang-gulang Samaputra Judhipati | awor wong Jagasura ||
67. ngantêp ing prang tan ana gumingsir | anadhahi wong Nusakambangan | malah caruk watang prange | rame asilih lawung |
--- [f. 277r] ---
wong Kaparak angantêp jurit | Jêng Pangeran Balitar | jênêngi ing pungkur | Panêmbahan Èrucakra | anjênêngi ing prang gènira mirangti | aling-alingan desa ||
68. asmu merang mulat ingkang rayi | mila mirangti alingan desa | mung wong Surabaya bae | lawan prajurit Bangsul | atanapi wong măncanagri | ingkang dèn adu ing prang | mangsah Gusi Agung | prajurit Nusakambangan | ngamuk nêngah myang sagung para bupati | angawaki ing yuda ||
69. atanapi sira Adipati | Sasranagara mangsah ing yuda | awahana kêbo bule | rahab sangkêlat wungu | panandêre kadya turanggi | binarondong sanjata | eca dènnya gambul | anêmpuh Ki Gêrwakăndha | wong kapêdhak pêngkuh dènira nandhahi | rame sêrang-sinêrang ||
70. wong Balitaran byuk anulungi | Sêcadirana lan Kartabasa | Panji Tohpati tunggule | santana patang puluh | kang dèn irid parêng angukih | pêpati wus akathah | rewang awor mungsuh | surake kadya ampuhan | mantri gêdhong alap-alap kang ngêmasi | sigra Ki Gêrwakăndha ||
71. asru ngatah[65] sakèh para mantri | sarêng mangsah pra Mantri Kaparak | wong Surabaya kèh longe | sapih kasaput dalu | Panêmbahan Èrucakra glis | kondur amasanggrahan [amasang...]
--- [f. 277v] ---
[...grahan] | mring kitha Madiun | makuwon wong Kartasura | anèng Gadhêg Pangran Balitar Dipati | kondur mring Pranaraga ||
72. mung pangarêp kang tugur abaris | anèng Gadhêg ganti kawarnaa | ing Kartasura sang raje | sangêt grahira prabu | anglayadi akèn nimbali | putra ikang timbalan | dèn agea rawuh | lawan wonge sasêliran | dèn gawaa ja gawa mulih prajurit | duta mantri nèm mêsat ||
73. tan kawarnèng Pranaraga prapti | Pangran Balitar wus kadhawuhan | budhal lan wong sêlirane | tinundha duta prabu | wanti-wanti kapapag margi | anginggalakên lampah- | ira pangran rawuh | ing praja tumamèng pura | umarêk ing rama pangran asmu tangis | sumêsêp anèng pada ||
74. grahira sru wus karsaning Widi | nata nimbali Kapitan Jaswa | kang jaga Kartasura ge | prapta sinung surat buk | kèn anglajêngêna tumuli | marang ing Batawiyah | karsane sang prabu | yèn puput kang panjênêngan | kang kalilan anggêntèni madêg aji | putra ingkang têtiga ||
75. salah sawiji yogyane dhingin | ingkang tuwa Pangeran Dipatya | Anom Mêngkunêgarane | tan anane kang sêpuh | kang panênggak ingsun lilani | Pangeran Purunbaya[66] | jumênênga ratu | yèn norana karo pisan | putra
--- [f. 278r] ---
ingkang wuruju kalilan dadi | raja ing nusya Jawa ||
76. iya Pangran Balitar Dipati | lamun padha ana katri putra | yêkti ingkang sêpuh dhewe | kang yogya madêg prabu | putra sêpuh Pangran Dipati | Anom Mêngkunagara | punika liripun | surat agya tinampanan | mring Kapitan Jaswa mêdal saking puri | praptèng loji anduta ||
77. ya ta sang nata aglis nimbali | para ari Pangeran Panular | myang Arya Mataram age | karwa manjing kadhatun | prapta ngarsèng raka manjali | sang nata angandika | karo ariningsun | dèn bêcik padha karia | ingsun iki kaya mèh tumêkèng jangji | yayi sapungkur ingwang ||
78. poma yayi ta ingsun atitip | marang para putra-putranira | Ki Adipati yogyane | kang gumantia prabu | yèn tan ana kang tuwa yayi | sutanta Ki Purbaya | adêgêna ratu | yèn tan ana Ki Purbaya | Ki Balitar iku yayi sun lilani | măngsa bodhoa sira ||
79. para putra pêpêk ing ngarsa ji | pramèswari myang para santana | pêpêkan jalu èstrine | nulya mafad sang prabu | umyang para gêrwa anangis | myang Jêng Ratu Kancana | nungkêmi sru muhun[67] | pra putra nungkêmi pada | ki pangulu myang pra kêtib dèn timbali | mangsuk ing
--- [f. 278v] ---
dalêm pura ||
80. layon dalêm sampun dèn sirami | sinalatakên anèng mandhapa | dening pra ngulama kabèh | sinêngkalan tri catur | obahing rat jênêngira ji |[68] lagya limalas warsa | sêmana cinatur | layon dalêm wus ginawa | mring Magiri gantia ikang winarni | kang anèng pabarisan ||
81. Garwakăndha sampun dèn timbali | sakancane wong ing Kartasura | wusamya bubar barise | kang taksih baris tugur | ingkang anèng ing Surawèsthi | ya ta ing Kartasura | Pangran Dipatya wus | ngêbroki ing dalêm pura | dina Soma punggawa gêng alit nangkil | pênuh ing pagêlaran ||
82. miwah para ngulama pra khaji | papradikan aseba sadaya | para tapa sarupane | Pangeran Dipatya wus | asayaga gènnyarsa mijil | nganti Kapitan Jaswa | tinimbalan gupuh | Pangeran Arya Mataram | manjing pura kang putra ngaturan mijil | kapitan anèng lawang ||
83. nêhêr mijil Pangeran Dipati | asta kiwa sinanggèng kapitan | kang paman anèng têngêne | minggah ing Sitiluhur | magêlaran pinarêkathil[69] | dênta Pangeran Arya | Mataram sru muwus | hèh kabèh wong Kartasura | ngèstokêna bupati punggawa mantri | yèn anak Adipatya ||
84. Anom anggêntèni madêg aji [a...]
--- [f. 279r] ---
[...ji] | juluk Susunan Pakubuwana | Senapati Ngalagane | saha Sayidin Ngabdur- | rahman Nataagama Jawi | padha angèstrènana | sagung nayaka nung | myang para tapa ngulama | papradikan sadaya samya ngèstrèni | ing jênêngira nata ||
85. têngara bêdhil Ki Gunturgêni | Kumpêni agya ngaturi urmat | ting jalêgur mariyême | pra punggawa angujung | pra santana ngaras pada ji | samya ngujung karatyan | pra ngulama umyung | amaca donga karatyan | tan antara kondur kapitan umiring | mangsuk ing dalêm pura ||
86. ingkang paman kalih dèn timbali | malbèng pura myang para ri nata | lan kang raka-raka kabèh | ingandikan umangsuk | adhêdharan ing dalêm puri | sang nata lan kapitan | myang para tumênggung | lajêng ing pura badhayan | ênêngakna panêmbahan kang winarni | Èrucakra miyarsa ||
87. yèn ingkang rama sri narapati | sampun mantuk dhatêng Rahmatolah | sru ngungun arsa mêmule | mangkana Kartapurun | dina Soma nata tinangkil | kadya duk jênêngira | kang swarga liripun | miyos ing Rêspati Soma | Saptu sore Pawatangan dèn wiyosi | anyukakakên wadya ||
88. duk sêmana sang nata wus nuding | Gandhèk Mantri Mudha kang lumampah | mring nagri Surabaya
--- [f. 279v] ---
ge | amatêdhani wêruh | maring Cakrajaya Apatih | yèn sang nata wus seda | kang gumatya prabu | Kangjêng Pangeran Dipatya | Anèmêngkunêgara[70] wus madêg aji | ing mangke kang parentah ||
89. Cakrajaya aja mulih-mulih | têka têtêpa abêbarisan | yèn durung sampurna prange | mangkana sang aprabu | aparentah undhang ing dasih | Kyai Tumênggung Karta- | nagara jinungjung | pêpatih kiwa sêmana | pan pinaro pêparentahaning Jawi | kang têngên Cakrajaya ||
90. duk ing nguni jênênge kang swargi | sira Tumênggung Kartanêgara | apan wus dadi sisihe | ing mangkya ta winangsul- | akên malih patih kêkalih | lawan Ki Martadita | jinungjung lêlungguh | saha pinatêdhan aran | Kya Tumênggung Mangunnagara kinardi | wong gêdhong wadananya ||
91. Pangran Pringgalaya wus ngêmasi | lêlungguhe dadya gêgantungan | mangkya kang ginêntèkake | santananira prabu | saking Balitaran Matawis | Mas Gale wastanira | sinungan jêjuluk | Radèn Arya Pringgalaya | têtilare Pangran Pringgalaya kasih | Radèn Natawijaya ||
92. pan kinarya panèwu amiji | Radèn Tumênggung Natawijaya | nora nana panêkare | Ki Sumabrata lampus | anakira [anaki...]
--- [f. 280r] ---
[...ra] kinarya mantri | sinungakên ing Patya | Kartanêgarèku | ran Ngabèi Kartinala | Carik Bajra jinungjung nama Ngabèi | Tirtawiguna rannya ||
93. duk samana ari nata kalih | Pangran Purbaya Pangran Balitar | pinundhut upacarane | putra kalih puniku | patêdhane kang rama swargi | kêndhagane gotongan | pangawinanipun | lêlima kang anèng ngarsa | sajênênge kang raka dipun pundhuti | sopacaraning putra ||
94. pacaraning santana kang maksih | ikang rayi kalih tan lênggana | nging sangêt sakit driyane | myang gêgadhuhan dhusun | Jagasura dipun pundhuti | Balora mila pangran | sangêt jarêmipun | ing driyanira pangeran | Adipati Balitar tan kêna pulih | tansah anggabah wadya ||
95. balanira sèwu winêtawis | Gulang-gulang lawan Samaputra | Katanggung Tanuastrane | kang sasêliranipun | dipun ulig raina wêngi | ambèr kang dana krama | pêparing lumintu | wus karsaning Hyang mangkana | jêng pangeran kêna pangaduning[71] bêlis | lali ing kadang tuwa ||
--- [f. 280v] ---
96. Gêrwakăndha ikang angadoni | rasa ngaturi angrêbut pura | jêng paduka padha duwe | punapa bedanipun | lawan raka paduka aji | myang wawêling kang swarga | nagri Jawa iku | sapa-sapa kang mêngkua | putra tiga ingkang sami kinèn mukti | sampun wontên ingkang sak ||
97. mangkya anggèr dèrèng tulus mukti | malah anandhang sungkawèng driya | rinacut upacarane | gêgadhuhan pinundhut | lah punapa ingantos malih | nayaka Kartasura | samya malih dulu | kait kalawan kawula | samangsane paduka ngrabasèng puri | samya tumut sadaya ||
98. dadya pangeran giwang ing galih | ingkang paman nulya ingaturan | Pangran Arya Matarame | datan adangu rawuh | pinapag ing plataran aglis | ingaturan alênggah | panêpèn asamun | matur Pangeran Balitar | paman kadya punapa jasad puniki | manggunga sakiting tyas ||
99. dening putra andika ing mangkin | ki lurah sangêt siya-siya |[72] ing kawula bilih supe | adarbe kadang sêpuh | kagyat Pangran Arya Matawis | angling atêbah jaja |
--- [f. 281r] ---
dhuh anggèr nak ingsun | sampun paduka mêngkana | kadang tuwa gagêntine kang ayogi | tan kêna sinawawa ||
100. sangêt pun paman anggèr ngaturi | jamak wong gêrang dadi pêpalang | among kang anèm gawene | anjuma mrih kang ayu | sampun karya rêngkaning bumi | angemana ing wadya | sampun gawe rêtu | sanadyan kang sampun lunga | kaki Dipanagara jumênêng aji | yèn pikire pun paman ||
101. dipun aglis dèn undanga mulih | jagat Jawa yèn pinangan tata | yakti gêdhe barêkate | yèn padha bèncèng kayun | têmah rusak ingkang nêgari | ènthèng binobot ing lyan | pijêr rêbut unggul | matur Pangeran Balitar | inggih paman yèn putra dika sang aji | sampun agawe êsak ||
102. sangêt-sangêt sapa ta kang wani | ujêr nyata gagêntining rama | nanging dahat niayane | nora angarah patut | yakti singa tiwasa mati | jamak wong rêbut praja | sapa wruh ing pungkur | luwih karsaning Hyang Suksma | dening dika paman kêdah angiloni | ing putra dika nata ||
103. ingkang sampun mukti dadi [da...]
--- [f. 281v] ---
[...di] aji | sampun tanggung sêdhêng makatêna | ngiloni kang wyar aube | yêkti kêlara munjung | mring andika pae lan kami | wong cili tanpa rêkat | kang paman amuwus | ambêkis dhuh anak ingwang | wong tuwane nora kanggo angalangi | yakti mandhêg ing têngah ||
104. singa-singaa kang dadi aji | wong tuwa nêdya dhumpil kewala | sok aja ala warahe | yèn andika tan kondur | dening atur kawula nanging | rakanta Ki Purbaya | sampun kantun-kantun | kadang tuwa tur prakosa | yèn rakanta Ki Purbaya angrojongi | yakti mirut sadaya ||
105. Pangran Balitar ngandika aris | inggih pintên prakara kawula | puniki alitur[73] anèm | tilara rêmbugipun | kakang êmas punika yogi | gagêntine jêng rama | tan kawarnèng ênu | kang lagya abawarasa | praptèng surup hyang arka pangeran kalih | dalu mring Kapurbayan ||
106. sapraptane lajêng gunêm kawis | Pangran Purbaya kewran ing driya | arsa ngrojongi arine | malang tumolih kalbu | dhatêng ikang raka sang aji | nanging emut kang wêkas- | ira ingkang surud | èh Adipati Purbaya | ingsun titip maring arinira kaki | Adipati Balitar ||
107. aja kongsi duwe lara ati | sira [si...]
--- [f. 282r] ---
[...ra] ingkang tuwa amomonga | mring arinta sakarêpe | dadya mênggah angadhuh | Pangran Arya Mataram angling | yèn sun rasa ing driya | salah ingkang sêpuh | kang anom puniku salah | dening datan wikan ing anome dhingin | bok iya anarima ||
108. Pangeran Purubaya ling aris | witning kawula puniki paman | kewran yèn emut wêlinge | jêng rama jênêngipun | swargi langkung awanti-wanti | tuwin dhatêng ki lurah | winêkas karuhun | andikanipun rakanta | mring ki lurah sun titip rinta wuragil | iku milua wirya ||
109. Pangran Balitar umatur aris | gih kawula tan sakit ing nala | upacara pinundhute | rumasèng alitipun | dening sabin dipun pundhuti | punapa kang tinêdha | rencang-rencang ingsun | têtiyang Kabalitaran | pan akathah watawise sèwu luwih | lan kula sangêt wirang ||
110. tan kawarna solahirèng wêngi | kang abawa rasa sampun bubar | pangran kalih mundur age | gantia kang winuwus | kang mandhirèng măncanagari | Panbahan Èrucakra | kang anèng Madiun | amêngku măncanagara | duk sêmana budhal sawadyane saking | Madiun karsanira ||
111. marêpêki Kartasura nagri | panêmbahan arsa angrabasa | wadya tri sêdhêng sanggupe | tan kawarnèng dalanggung [da...]
--- [f. 282v] ---
[...langgung] | praptèng tanah ing Sokawati | abaris ing Pandonan | duk kala sahipun | saking praja ing Pandonan | wus rineka kadhaton kinubêng biting | akarya panangkilan ||
112. alun-alunira wus aradin | punggawanira samya mêlatar | pinarapat pakuwone | wong Sokawati nungkul | akèh ingkang jinungjung linggih | miwah têtiyang kalang | kèh dadi tumênggung | Dipati Sasranagara | wus amatah prajurit ingkang tinuding | angêlara jajahan ||
113. ingkang mangilèn ing Kampak prapti | kang mangidul praptèng Aribaya | wong Sokawati barise | nahan ingkang winuwus | ikang anèng Kartasurèki | Jêng Pangeran Balitar | anggêgabah wadu | mangkana Ki Gêrwakăndha | gubêl dhatêng pangeran suwawi gusti | punapa ingantosan ||
114. Ki Gêrwakăndha wusabên[74] wêngi | dènnya umatur dhatêng pangeran | mila mangkana lêkase | anake ran Ki Ragum | kinunjara wetan Sitinggil | dosane saba pura | milanipun asru | Garwakăndha aturira | mring Pangeran Balitar dadya nuruti | wadya pêk asawega ||
115. duk sêmana wus duta mring loji | anodhi maring Kapitan Jaswa | mandhêg ing têngah ature | ran sami kadangipun | tanah Jawa padha duwèni | Kumpni tan [ta...]
--- [f. 283r] ---
[...n] munasika | darma atêtunggu | singa ingkang dadi raja | tanah Jawa kang têtêp anèng jro puri | yaiku gustijingwang ||
116. singa ikang rosa mênang jurit | ingsun êmong sapa ingkang kalah | sun milu anjarah bae | kang unggul ingsun panggul | pan wus bubuhaning Kumpêni | anèng ing tanah Jawa | amongmong ing ratu | yèn amungsuha wong liyan | dèn adua Kumpêni datan gumingsir | mangkana aturira ||
117. dadya pangeran eca kang galih | wadya sawega ing prang samapta | miwah para punggawane | myang para kaum rêmbug | Garwakăndha sampun cumawis | nuju ing wulan Sakban | malêmira Saptu | anuju tanggal ping lima | abusêkan sadalu tan ana guling | ing wayah bêdhug tiga ||
118. pangeran agya busana jurit | waos agêm binagi pra lurah | kang prayoga tatag tètèr | miwah kang warni dhuwung | kang sinungan dasih kang yogi | tansah lawan pangeran | braja gêm wus dinum | gya budhal saking ing wisma | saha wadya ing marga lampahira ris | tyasira mundur mara ||
58. Durma
1. Garwakăndha ingkang lumampah ing ngarsa | para lurah nambungi | Mas Gandaradesa | kalawan Ănggadara | dening ikang [i...]
--- [f. 283v] ---
[...kang] dèn tindhihi | wong Pêpilihan | Subala lan Subali ||
2. Êmbanendra Sudira Lurah Nirada | Mangundara asisih | lawan Jalara |[75] samya andêling yuda | Kartipa Sumitra nunggil | Sêcadirana | kalawan Ganggapati ||
3. Bêthokjenggot Kricak Lêksa Citramanas | têtindhihira Patih | Kya Sêcadirana | lawan Panji Tohpatya | Kartabasa anèngarsi | lampah atata | nora mêtu ing loji ||
4. gumalêndhêng sakilèning loji prapta | ngidul anjog ing masjid | gya mingêr angetan | ing alun-alun agya | Garwakăndha andhingini | ing gêdhong prapta | anumbaki wong kêmit ||
5. gumrah surakira wadyèng Balitaran | Mantri Gêdhong kang mati | Dêmang Ardiguna | kang gêsang manjing pura | gugup kang kêmit ing puri | myarsa ing jaba | surak asru lan bêdhil ||
6. wadya kêmit ing jro baris palataran | ikang saparo mijil | anjagani lawang | samya prayêtnèng baya | wadana jêro kang kêmit | Mangunnagara | gya dinuta mring loji ||
7. kadya singa tandange wong Balitaran | samya kibir ing ati | anarka kabêdhah | kadhaton Kartasura | amajibakên ing ati | sida liyangan | kêndhaga linggih lampit ||
--- [f. 284r] ---
8. Gêrwakăndha sutanira nèng kunjara | agya dipun parani | kunjara binubrah | Ki Ragum nulya mêdal | gya rinangkul dèn tangisi | dhuh anak ingwang | tan nyana sira urip ||
9. Ki Tumênggung Mangunnagara gya prapta | ing loji wus apanggih | lawan lutnanira | asru dènira mojar | ingsun dinutèng nêrpati | hèh mulanira | suwe tan magut jurit ||
10. iki uga iya sira kang dèn arah | dudu sri narapati | sira kang dèn rurah | kait lan Surabaya | kang raka sru amalangi | nanging tan kêna | mila mangke nêkani ||
11. sarêng myarsa dhawuhe timbalan nata | kagyat sagung Kumpêni | sadhiya samapta | maring kori pamêngkang | amung majêng kalih-kalih | anèng pamêngkang | mungsuh katon binêdhil ||
12. andrawili pangêdrèlira Walănda | mung maju kalih-kalih | wong ing Balitaran | ikang mangsah sinipat | mawur pangarsaning jurit | Sêcadirana | umangsah apêpulih ||
13. anêrajang kinarutug ing sanjata | jajanira krêp kanin | sayah nulya pêjah | lawan Sêcadinăngga | sira Ki Panji Tohpati | kanin astanya | karo katratas mimis ||
14. Kartabasa katiban mimis wus pêjah | pangarsa wus angisis | kasusulan gurnat | wadya kang anèng wuntat |
--- [f. 284v] ---
akiwul-kiwul tan olih | pangeran prapta | sawetaning Sitinggil ||
15. gya kapapag ing wadya kang mundur brana | dêl-andêl akèh mati | anrêgakên wadya | mangsah wong Anirada | Kumpêni saya kèh prapti | pangêdrèlira | gumrudug banyu mili ||
16. èsmu kewran ing driyanira pangeran | kang wadya padha nangis | dhuh gusti kondura | wadya sura wus risak | suwawi gusti angungsi | raka paduka | Pangeran Purbaya glis ||
17. lah suwawi mingêr dhatêng pêpungkuran | pangeran wlas ing dasih | kondur alon-lonan | pan maksih binêdhilan | Ratu Pakubuwana glis | manjing jro pura | anangis kontrang-kantring ||
18. sambat-sambat kang swarga dhuh susuhunan | ingsun tan bisa kari | lah gawanên seda | nora bisa tumingal | mri putra dika kang kari | padha brawala | lan kadange wuragil ||
19. tanbuh polahnya Ratu Pakubuwana | minggah ing Gunung Kunthi | Pangeran Balitar | prapta ing Surabayan | angidul sawadya ngiring | kang ibu mulat | ngawe anjrit anangis ||
20. astanira têngên angawe kang putra | asta kiwa ngusapi | waspa drês kang mêdal | sarya sru angandika | kulup angungsia aglis | mring kakangira [kakang...]
--- [f. 285r] ---
[...ira] | Ki Purbaya Dipati ||
21. wong Kumpêni kang anèng loji lor prapta | padha minggah Sitinggil | mariyêm pinasang | sadaya ingisenan | kang mundur dipun susuli | maryêm lir gêlap | hyang arka wus umijil ||
22. lampahira Pangran Balitar sawadya | ing Purbayan gya prapti | Pangeran Balitar | manjing dalêming raka | wadya pênuh anèng jawi | wong Kapurbayan | samya graitèng ati ||
23. Jêng Pangeran Purbaya maksih anendra | kagyat gumrah ing jawi | wungu agya mêdal | pangran akathetheran | praptèng jawi gya kang rayi | nungkêmi pada | karuna amlasasih ||
24. dangu datan uwal pangrangkuling pada | kang raka datan angling | kèmêngan ing driya | arsa ngukup arinya | kang raka karasèng galih | jêtung kewala | têbah jaja sarya ngling ||
25. wis mênênga aja sira sru karuna | iya ingsun labuhi | nanging mayo lunga | têka ing Kartasura | iya ing sadina mangkin | kang ingsun arah | angancik ing Matawis ||
26. rasaning tyas lamun ingsun lawan sira | angancik ing Matawis | wong ing Kartasura | karia mangsa kèha | punggawa myang para mantri | ingsun watara | akèh [a...]
--- [f. 285v] ---
[...kèh] anusul ugi ||
27. pangran aglis akèn anêmbang têngara | samya sayagèng jurit | wadya Kapurbayan | gumrah sampun samapta | gêgaman awarni-warni | para lêlurah | andhèr ngarsaning gusti ||
28. Jêng Pangeran Purbaya ngrasuk busana | myang para gêrwa siwi | pangeran gya budhal | sumrêg kang wadyakoswa | mingêr pangarsaning baris | praptèng paseban | kidul dipun ampiri ||
29. Jêng Pangeran Balitar agya anduta | sakèhing para rabi | kinèn ambudhalna | sakèh wong Gulang-gulang | gya mangkat ikang tinuding | ya ta kawarna | wong Purbayan umanjing ||
30. ing paseban kidul myang wong Balitaran | lawang samya kinunci | aglis winadungan | kampak ing wadya Kalang | wus rêbah kang jaga kori | nungkul sadaya | ajrih mapag ing jurit ||
31. tan antara Kumpêni saking jro prapta | ambyuk sarêng ambêdhil | drèlnya sinusulan | gurnat kalawan tiktak | mimis adrês lir gurimis | wong Kapurbayan | mundur tata ing jawi ||
32. pangran kalih lajêng lampahe lon-lonan | umung kang wadya ngiring | ya ta na winarna | wong Purbayan awasta | Mangunonêng api agring | panastis rumab | umatur nuhun amit ||
33. adhuh [a...]
--- [f. 286r] ---
[...dhuh] gusti kawula dèn lilanana | mantuk dhumatêng Pathi | yèn angsal pangaja | nagari ing Santênan | kadugi kawula gitik | yèn sampun bêdhah | panagari ing Pathi ||
34. ămba sohan[76] sadaya angsala rewang | jang pangeran nuruti | Mangunonêng agya | lèngsèr sarewangira | lampahe pangeran kalih | praptèng Drêsanan | kèndêl lajêng amêrgil ||
35. enjing budhal tan kawarna lampahira | sapraptaning Matawis | pangeran sawadya | jujug Kartawinata | wau kang dèn kadhatoni | ingalih aran- | ira ing Kartasari ||
36. animbali sakèhing para pradikan | para ngulama khaji | miwah para tapa | sing pratistha ring arga | prapta sadaya kinêrig | mring Kartasêkar | samya kinèn ngèstrèni ||
37. mring Pangeran Balitar umadêg nata | Kiyai Wanagiri | samana wus prapta | kêdhaton Wanasêkar | kêrig wadya sa-Matawis | nèng Kartasêkar | sampun agêng kang baris ||
38. pan ing Kartawinata wus rakit praja | yasane ikang swargi | kadhaton wus manggya | mangkana dina Soma | pangeran kalih tinangkil | nèng pagêlaran | wadya pênuh gêng alit ||
39. Jêng Pangeran Purubaya undhang-undhang | marang sagunging dasih | padha ngèstokêna | sakèhing wong Mataram |
--- [f. 286v] ---
yèn ari mas Adipati | Balitar mangkya | ingsun jungjung dadya ji ||
40. juluk Sultan Mustafa Pakubuwana | Senapati Nglagèki | Sayid Ngadurrahman | Panata Ingagama | kang rayi jinungjung aglis | sampun linênggah- | akên ing dhampar gadhing ||
41. gya Kiyai Wanagiri ngadêg donga | sagung wadya ngèstrèni | Pangeran Purbaya | anama Panêmbahan | Purbaya senapatining | payudan wadya | kabèh padha ngèstrèni ||
42. para lurah samya jinungjung lalênggah | Gêrwakăndha kinardi | patih sinung aran | Tumênggung Jayabrata | akèh kang dadi priyayi | wong Balitaran | sipat lurah linampit ||
43. Wăngsadirja pêpatih ing Kapurbayan | wus kinarya bupati | ran Tumênggung Wira- | nêgara myang Pangeran | Ariya putraning aji | ing Kartasura | alit mila ingambil ||
44. dhatêng ikang paman Pangeran Purbaya | kadya angsala yogi | sihe ikang paman | Pangran Arya wus krama | angsal kadange pribadi | Dyan Ayu Wulan | kêkasihe kang swami ||
45. putranipun kang paman Pangran Balitar | milanira sang pêkik | supèng rama nata | awrat ing rama paman | mila tumut mring Matawis | jinungjung lênggah | saha sinung [si...]
--- [f. 287r] ---
[...nung] kêkasih ||
46. ran Pangeran Dipati Mêngkunagara | akèh dadi priyayi | wadya Kapurbayan | Radèn Wăngsakusuma | sampun jinungjung lêlinggih | nama Dipatya | Urawan kang wêwangi ||
47. Băngsapatra aran Dipati Lumarap | Subud Wirayudèki | wusinungan aran | Tumênggung Martasura | Rajamênggala Ngabèi | nênggih punika | anaking Rajaniti ||
48. wus sinungan ran Tumênggung Sindusastra | Kiyai Wanagiri | anake sinung ran | aran Arya Panangsang | Êmbanendra sinung kasih | Tumênggung Singa- | barong ingkang kêkasih ||
49. wong Mataram ingkang jinungjung lalênggah | Ki Sasraruditèki | lan Pusparudita | kalawan Sutajaya | samya sinungan kêkasih | katri punggawa | dening Sutajayèki ||
50. sinung aran Tumênggung Gajahpramada | Pusparudita kasih | Kya Tumênggung Sura- | diningrat myang Ki Sasra- | rudita sampun ingalih | Tumênggung Sasra- | diningrat kang wêwangi ||
51. Prayanăngga sinung ran Mangunnagara | Ki Gadhingan kêkasih | ya Ki Dêmang Malang- | sumirang Mas Gandara- | desa sinungan kêkasih | Ariya Tambak- | baya ikang wêwangi ||
52. Ki Mas Wêrgapatra wus sinungan aran | Radèn Danupayèki | Kyai Sêcayuda | ran Dêmang Nirantaka | akathah [aka...]
--- [f. 287v] ---
[...thah] lamun winarni | mangka jurunya | Kiyai Wanagiri ||
53. kang tinari-tari saliring prakara | winênang linggih kursi | jajar panêmbahan | kèdhêp saaturira | sinungan jêjuluk dening | jêng sultan mangkya | Ki Gêdhe Wanadadi ||
54. Panêmbahan Purubaya pêparentah | mring punggawa prajurit | kèn anglar jajahan | Mas Gêrit kang dinuta | maring Parimana pinrih | angayumana | wong Kêdhu ikang mulih ||
55. Ki Mas Gêrit ran Tumênggung Sindurêja | budhal sawadya prapti | dhusun Parimana | wong Kêdhu kinaitan | ngalumpuk apacak baris | suyud sadaya | Martasura tinuding ||
56. mring Banyumas budhal tan kawarnèng marga | praptèng Wanakrêta glis | ngirup padêdesan | urut lêdhok kèdêkan | Tumênggung Martapura glis | budhal sawadya | saking Wanakartèki ||
57. mring Banyumas tan winarna lampahira | praptèng Banyumas baris | sira wus sadhiya | lajêng amapag ing prang | arame campuhing jurit | Tumênggung Marta- | sura nrêgakên baris ||
58. Panjêr Rema Sagaluh Pamardèn Banjar | wusamya dèn irupi | milyèng Martasura | parêng mangsah ing rana | wong Banyumas wus kalindhih | samya lumalya | kuthane [kutha...]
--- [f. 288r] ---
[...ne] dèn anciki ||
59. King[77] Tumênggung Banyumas ngungsi mring Têgal | nahan ganti kawarni | wadyèng Purubayan | kang maring tanah Pajang | ngancik ing Drêsanan baris | têtindhihira | Lumarap Adipati ||
60. nèng Drêsanan Ki Adipati Lumarap | têtêp akarya biting | suyud kèh wong desa | gêgunung desa padha | seba maring Adipati | Lumarap dadya | angrêda ikang baris ||
61. duk sêmana wadya lit ing Kartasura | jadhêl maring Matawis | suwung Kartasura | para mantri punggawa | akathah kang padha balik | maring Mataram | asêlur sabên bêngi ||
62. amung kari wong kadipatèn kang lama | ingkang têngga sang aji | milane sêmana | kèh kinulawisuddha | Dirayuda anindhihi | Kaparak Kanan | ikang dèn wêdanani ||
63. tur sinungan jêjuluk Dêmang Ngurawan | Ki Diramênggalèki | kinarya wadana | ing wong kapêdhakiwa[78] | sinungan aran Ngabèi | Wirajaya lan | Kartanagara mangkin ||
64. sinung aran Adipati Mangkupraja | sêmana wus anuding | kang têngga tampingan | Radèn Suradiningrat | mring sawetan Ardi Mrapi | têngga tampingan | narubakên wong dèsi ||
65. kang awasta Rahadèn Suradiningrat |
--- [f. 288v] ---
ingkang adarbe siwi | Pangeran Ariya | Panular kang pêputra | pan kinarya senapati- | ning pabarisan | ing Sêlap gènnya baris ||
66. narubakên arahan kawula desa | sawetan Ardi Mrapi | kinêrig sadaya | têtindhihing gêgaman | Ki Dêmang Prêkul namèki | iku wong desa | jinungjung kang lêlinggih ||
67. sabên dina aprang kang têngga tamingan[79] | tan winarna ing tulis | campuhe kang yuda | kang kidul myang kang wetan | ana sudagaring aji | Ki Pranasuta | mangkya jinungjung linggih ||
68. sinung aran Ki Tumênggung Sumabrata | sugih wadya ginajih | rosa budinira | têtindhihe wongira | samya cinara Kumpêni | Sumadinala | sutanira pribadi ||
69. sabên dina anglarag mring jaban kitha | lawan wadya Kumpêni | wus akèh kang prapta | saking nagri Sêmarang | ikang rumêksa sang aji | Ambon Mêkasar | Sêmbawa lawan Bugis ||
70. tugur kalang baris anèng panangkilan | sang nata anduta glis | maring Surabaya | kèn nimbali Apatya | Cakracaya[80] myang Kumpêni | wusinung surat | duta umêsat aglis ||
71. tan kawarna lampahirèng duta prapta [pra...]
--- [f. 289r] ---
[...pta] | nagri ing Surawèsthi | panggih lawan Amral | Tumênggung Cakrajaya | wus tampi surating aji | tanapi Amral | samya anupiksa glis ||
72. kagyat asru angungun Kya Cakrajaya | anangis jroning ati | sagunging dipatya | sadaya tinimbalan | andhèr anèng ngarsa patih | sinungan wikan | surat dalêm kang prapti ||
73. samya ngungun angling Kyai Cakrajaya | baya karsaning Widi | jagat Jawa rêngka | paranggèr rêbut wirya | iki ta tiwase ugi | si paman Karta- | nêgara mong ing gusti ||
74. yèn bisaa ngêjum mring para ban bêndara |[81] supaya anêkani | kang rayi angrurah | pura para bêndara | mangkana para bupati | samya ngundhangan | myang sagunging Kumpêni ||
75. arsa budhal mulih maring Kartasura | kang tinanggênah kari | tugur Surabaya | Kumpêni sabragada | têtindhih Kapitan Bèngsing | dening dipatya | ing Tuban lan Garêsik ||
76. lan Lamongan Sidayu miwah Madura | liya punika kêrig | milu mring apatya | Angabèi Tohjaya | arsa ginawa mring patih | nanging Kapitan | Bèngsing lan pra dipati ||
77. sangêt nêdha karine mila katilar | anèng ing Surawèsthi | Ngabèi Tohjaya |
--- [f. 289v] ---
Tumênggung Cakrajaya | akèn bubarakên baris | arahe samya | mêdal nagri Sêmawis ||
78. kawarnaa ing Sêmarang saparlosnya | Kumêndur Gobyo nguni | sampun ginêntosan | Kapitan Dulkup rannya | gantyani Kumdur Sêmawis | kasub kasusra | ing sabrang tanpa tandhing ||
79. kunêng ikang bubar saking Surabaya | Amral lawan apatih | ana kacarita | Pangeran Kudus ingkang | ngadêg ingkang dèn gêntèni | sira Ki Arya | Kudus tilar nagari ||
80. pangran adhêdhukuh anèng bumi Dêmak | araning Păncawati | alawas nèng kana | mangke sêdya abăngga | wus angadêgakên baris | ngêlar jajahan | wong Dêmak samya ajrih ||
81. pangarahe pangeran ing Păncawatya | nênungkul mupung sêpi | dipatine samya | anèng ing Surabaya | milane mangke angrampid | nagri ing Dêk |[82] Pangeran Păncawati ||
82. Mantri Dêmak ingkang atunggu nagara | lumalya tan kawawi | kithane kancikan | kawarna kang lumakya | Amral kalawan apatih | praptèng Juwana | mrêgil sakèhing baris ||
83. Mantri Dêmak ingkang kapalayu prapta | ing Juwana tur uning | ring dipatinira | gya katur ing apatya | yèn Dêmak dipun [di...]
--- [f. 290r] ---
[...pun] anciki | mêngsah awasta | Pangeran Păncawati ||
84. sinabilan ing prang wong Dêmak kasoran | suyud sakèh kang kari | Kyai Suranata | lawan Padmanagara | wus kinèn umangkat dhingin | sigra apatya | lan Amral anut wuri ||
85. dènnya lami wong Dêmak nèng Surabaya | mangkya mèh praptèng nagri | kapranggul ing mêngsah | mila gêng nêpsunira | wong Dêmak lir singakarti | sinlêk ing lamah-[83] | ira kang wadya prapti ||
86. pajimatan lajêng anata gêgaman | Pangeran Păncawati | myarsa nulya undhang | wadya samya sadhiya | pangran alênggah ing kursi | wadya sadaya | samya kinèn ngujungi ||
87. mring pangeran pamrihira ing ayuda | luputa dening mimis | wusnya sami nêmbah | samya mangsah ing rana | ing Kabanyon tata baris | wong Dêmak prapta | lajêng campuh ing jurit ||
88. têtindhihe kêkalih putrane Pangran | Păncawati kêkasih | Dyan Suradipura | lawan Sumadipura | sèwu kathahing prajurit | kang tinindhihan | samya rasukan putih ||
89. rame campuhing prang surake gumêrah | wadya ing Păncawati | tandange lir singa | lodra arêbut măngsa |
--- [f. 290v] ---
wong Dêmak prange kalindhih | akathah pêjah | ya ta wau kawarni ||
90. lampahira Amral kalawan apatya | myang sagung wong pasisir | duk kala lumampah | nut wuri Suranata | prapta ing Dêmak nagari | lajêng umangsah | ing prang miwah Kumpêni ||
91. wong ing Păncawati samya tur uninga | yèn Kumpêni kang prapti | lingira pangeran | dudu Kumpêni ingkang | prapta iku uga babi | măngsa indaha | aja na walangati ||
92. payo batur têrajangên aja wangwang | piyak uga kang mimis | padha ingsun tulak | wadya padha gambira | umangsah tanaya kalih | wadya sumahab | anêmpuh ing Kumpêni ||
93. tinadhahan ing êdrèl lir gêrojogan | pêtêng kukusing bêdhil | wong măncanagara | akathah kang palastra | kang dadya tindhihing jurit | Rahadèn Sura- | dipura nandhang kanin ||
94. ingkang rayi Sumadipura palastra | wadya mawur angisis | Kumpêni sumahab | adrês ambalang gurnat | pangêdrèle andrawili | bala ing Pănca- | wati ngungsi ing gusti ||
95. ingaturan wikan ingkang putra pêjah | ikang satunggal kanin | wadya têtumpêsan |
--- [f. 291r] ---
Pangeran Păncawatya | tumêdhak nrêgakên dasih | ngagêm talêmpak | mangsah arsa pêpulih ||
96. mêdal saking pakuwon Kumpêni prapta | lajêng binendrong bêdhil | angamuk kasangsang | ing gurnat kalantaka | tiktak lawan gutuk apik | mimis lir udan | pangran wus nandhang kanin ||
97. baunira kiwa pangeran kang brana | mundur mring kidul kali | rinămpa ing wadya | watara wong sadasa | binêktèng ngungsi surambi | nulya dèn tilar | pangran anèng surambi ||
98. Amral mulat suka-suka anut wuntat | lan sagunging bupati | lampahira prapta | Amral lan pra dipatya | dhêdhêg ing ngarsa surambi | Amral umiyat | mring Pangran Păncawati ||
99. kêlangsaran anèng siti pinarpêkan | mring Amral asru angling | he tabe pangeran | lu mau jadhi raja | sêkarang jadhi lupa sri | mara banguna | madhudhuk kursi gadhing ||
100. beta angkat jadhi Raja Jawa bêsar | Pangeran Păncawati | angling mêgap-mêgap | wus tuwa wuru brana | Amral suka-suka angling | anarik pêdhang | sun awèh tămba bêcik ||
101. wus pinêdhang jangganira kawatgata | tatas lajêng ngêmasi [ngêma...]
--- [f. 291v] ---
[...si] | Atmral lagya bubar | mundur lawan apatya | myang sagung para bupati | marang ing wisma- | nira Suranatèki ||
102. enjingira budhal marang ing Sêmarang | datan kawarnèng margi | lampahira prapta | ing Sêmarang apatya | lan Amral mangsuk ing loji | sampun apanggya | kalawan komasaris ||
103. pira-pira urmate ganti kawarna | Mangunonêng wus prapti | saking Kartasura | anjujug padêdesan | wong Pathi akathah prapti | miwah santanan- | ira wusamya prapti ||
104. Mangunonêng Wabru madêg barisira | arsa ngrabasèng Pathi | wusumaji[84] samya | marpêki praja agya | wong Pathi mapag ing jurit | campuh ing yuda | wong ing Pathi kalindhih ||
105. prajanira kancikan wong ing Santênan | têtêp padha sumiwi | Mangunonêng dadya | supe kang patêmbayan | lan Pangran Purubayèki | karsa nungkula | ing Sri Kartasura glis ||
106. duta maring Sêmarang caraka prapta | panggih lawan apatih | myang dhumatêng Amral | nungkule tinarima | nahan gantia winarni | ing Kartasura | Pangran Arya Matawis ||
107. lolos saking praja saha gêrwa putra | arsa umadêg aji | sawadya wus prapta | ing Pathi kang sinêdya | gènnyarsa jumênêng aji | lampahe prapta | Gêrobogan [Gêro...]
--- [f. 292r] ---
[...bogan] nêgari ||
108. duk sêmana kang jumênêng Garobogan | tangginas pacak baris | Arya Măndhalika | lajêng sumiwèng Pangran | Arya Mataram anuding | angirupana | ing wong măncanagari ||
109. ing Sêsela Warung kalawan Bêlora | samyarsa dèn irupi | nging wadya Balora | sawega mapag ing prang | dening wus anungkulami[85] | mring Panêmbahan | Èrucakra ing nguni ||
110. dadya măncanagri abahak-binahak | gantia kang winarni | Prabu Kartasura | anduta mring Samarang | prapta panggih komasaris | surat tinampan | binuka tinupèksi ||
111. saha urmat sanjata bukaning layang | kadriya aprakawis | Patih Cakrajaya | ingaran malih tingal | ing nata salah tan sipi | akarya mêngsah | nênggih pangeran kalih ||
112. winastanan Ki Tumênggung Cakrajaya | duk anèng Surawèsthi | amangun wacana | srat katur ing Pangeran | Balitar Purubayèki | mulane samya | Pangran angrêbut puri ||
113. dadya mangkya Ki Tumênggung Cakrajaya | ginêdhongan nèng loji | pan timbalan nata | Apatih Cakrajaya | madhêp ing Hyang asrah pati | datan sawala | ing karsaning nêrpati ||
114. lan maninge surat dalêmutatdanya[86] |
--- [f. 292v] ---
sang nata animbali | Amral mringa Karta- | sura lan angirida | sakèhing bala Kumpêni | badhe dinuta | amukul ing Matawis ||
115. myang surate jindral ingkang dhatêng Amral | kinon mangkatumuli | wusamya sayaga | miwah Kumpêni Islam | Ambon Makasar lan Bugis | sampun samapta | sabusananing jurit ||
116. atmral arsa amanggihi Cakrajaya | anèng gêdhong Kumpêni | tan adangu prapta | panggih lan Cakrajaya | Amral karasa ing ati | asêmu waspa | wusnya wèh tabe angling ||
117. hèh Tumênggung Cakrajaya aja susah | dinukan ing sang aji | andika tan salah | bok iya linampahan | kaya nora miyatani | lamun andika | têmên-têmên ing aji ||
118. lamun dika nora saksêrik ing nala | pasthi anêmu bêcik | dènirangling Amral | sarwi ngusapi waspa | rewangira baya pati | nèng Surabaya | Cakrajaya lus titih ||
119. milanira Amral agêng trêsnanira | sumaur trima kasih | Patih Cakrajaya | lingira dhatêng Amral | sampun ge matur ing aji | mênèk kabranang | sang nata salah tampi ||
120. lamun ingsun dinalih
--- [f. 293r] ---
aminta sraya | adi-adi Kumpêni | têmahe manira | èstu alaning ala | datan piyandêl ing gusting gusti |[87] wêdi ing pêjah | yakti dudu wong bêcik ||
121. Amral angling iya ingsun duga-duga | amrih ingkang prayogi | nulya rêrangkulan | wusira Amral mêdal | wusamapta wong Kumpêni | anulya budhal | saking nagri Samawis ||
122. maring Kartasura saha ngirid wadya | Kumpêni warni-warni | tan kawarnèng marga | prapta ing Kartasura | pinapag ing adipati | ing Toyadana | Mangkupraja apanggih ||
123. ingaturan umanjing sajroning praja | gya mangkat sawadya tri | ngalun-alun prapta | sawadya sinêgahan | Amral ingandika[88] manjing | pura apanggya | lawan sri narapati ||
124. amakuwon ing bangsal pangapit wetan | gêgawane Kumpêni | kèhe rong bragada | lyan Bugis lan Makasar | nahan gantia winarni | ingkang palênggah | ing kitha Kartasari ||
125. sultan panêmbahan sampun aputusan | marang ing Sokawati | ngaturi kang raka | Panbahan Èrucakra | kang mandhirèng Sokawati | ingajak rêmbag | amongmong ikang rayi ||
--- [f. 293v] ---
126. nanging sira Panêmbahan Èrucakra | langkung kewran ing galih | arsa nut anunggal | ing rayi Kartasêkar | arêp dhewe ngrasa sugih | bala mangkana | dadya anăngga krami ||
127. dutanira ingkang rayi wus tinulak | kapisan kaping kalih | wus jangkêping[89] tiga | wus tita Panêmbahan | Purbaya anduta aglis | mring nagri Japan | datan kawarnèng margi ||
128. lampahi[90] kang duta praptèng nagri Japan | panggya lan adipati | sratira tinampan | tinupiksa kadriya | surasanira Dipati | Jayapuspita | langkung kewran ing galih ||
129. dening mangkya Panêmbahan Èrucakra | arsa jumênêng aji | linging tyas mangkana | ingsun nora bêbakal | wasiyate rama swargi | măncanêgara | pasthi ingsun kukuhi ||
130. dening ingsun dèn ajak nunggal Mataram | salêgane kang ati | mapan padha nata | kapindhone sun tuwa | Jayapuspita ngaturi | nunggala karsa | lan kang rayi Matawis ||
131. nanging Panêmbahan Èrucakra datan | arsa ngumpul ing ari | wus rumasa kuwat | mangkana Adipatya | Jayapuspita amilih | sampun arêmbag | lan ingkang para ari ||
132. lêng anuta Panêmbahan Purubaya | Jayapuspita nuding | awèh srat ngarinya |
--- [f. 294r] ---
Apanji Kartayuda | lan dutaning raka panggih | surating raka | tinampan tinupèksi ||
133. wus kadhadha Dipati Sasranagara | sigra dènnya ngundhangi | wadya myang pratiwa | măncanagara samya | rêmbuge sampun agilig | ngirigna marang | panêmbahan tumuli ||
134. dalu agya Dipati Sasranagara | myang sagung măncanagri | ambolos sawadya | saking baris Pandonan | Panêmbahan Sokawati | sigra tur wikan | yèn wong ing Surawèsthi ||
135. budhalawan sagung wong măncanagara | kagyat tan kêna angling | sira Panêmbahan | Èrucakra kèmêngan | yeka kawarnaa enjing | Sasranagara | praptèng jabaning biting ||
136. surak awurahan bêndhe muni ngangkang | gègèr sajroning biting | wadya Bali agya | mêdal ing jawi samya | anunggal wong Surawèsthi | sigra wong mănca- | nagara samya bêdhil ||
137. gugup Panêmbahan Èrucakra agya | têdhak nandhak jêmparing | angadêg ing lawang | wadya sami sawega | sakathahing para rabi | ginawa mêdal | binêdhahakên buri ||
138. ting kathèthèr wong Surabaya amêlak | pra gêrwa kocar-kacir | sira panêmbahan | ngawe-awe gêndhewa | Sasranagara Dipati | sira elinga | sarèhmu sun turuti [turu...]
--- [f. 294v] ---
[...ti] ||
139. Adipati Sasranagara miyarsa | mudhun saking turanggi | mangsah nandhak watang | wadya piyak gya prata[91] | ingarsa manêmbahan angling |[92] Sasranagara | asugal dènira ngling ||
140. gih kawula darmi nglampahi kewala | parentahe jêng gusti | ari jêng paduka | kangadêg Kartasêkar | jêng sultan ingkang ngajani | lamun andika | băngga kinèn nyampuni ||
141. sarya nyêlêk Dipati Sasranagara | ngikal lawung kumitir | sigra Wiradirja | lawan Surajênggala | para mantri Sokawati | samya nanggulang | rame campuhing jurit ||
142. Panêmbahan Èrucakra nitih kuda | wong Surabaya bêdhil | myang măncanagara | ambyuk sarêng umangsah | panêmbahan mundur aglis | sawarganira | wus adoh lawan biting ||
143. wong ing Sokawati lumalya sasaran | pisah kalawan gusti | wong ing Surabaya | nulak mring pabitingan | Sasranagara Dipati | kandhêg jêjarah | para sêlir kang kari ||
144. pan pêpitu sêlirira panêmbahan | kang kari ing jro biting | mung padmi ginawa | panêmbahan wus lêpas | wadyanira kang umiring | amung sadasa | wus prapta ing Sêmanggi ||
145. nahan ingkang kawarna Sasranagara | pakuwon dèn êbroki [êbro...]
--- [f. 295r] ---
[...ki] | sêlir pitu ingkang | kabandhang jinamahan | sadaya dèn jalajahi | dupi antara | tri dina tigang latri ||
146. kotholira[93] Dipati Sasranagara | abuh gênge sakêndhi | kalananganira[94] | sapring pêtung gêngira | ing siyang dalu anangis | mung panêmbahan | ingkang sinambatangis[95] ||
147. adhuh Gusti Panêmbahan Èrucakra | kawula anut wingking | ngaturakên tobat | gusti nuhun apura | kacarita pitung bêngi | sira Dipatya | Sasranagara mati ||
148. tan antara bubar baris Surabaya | mulih anggawa jisim | ya ta kawarnaa | Pangeran Èrucakra | alawas anèng Sêmanggi | ya ta Ki Dêmang | Kêncèng ngaturi uning ||
149. ing narendra Kartasura gya putusan | Gandhèk Mantri Nèm kalih | binêktanan arta | busana karsa nata | kang raka dipun timbali | mulih mring praja | sawusnya dèn dhawuhi ||
150. Panêmbahan Èrucakra kewran ing tyas | dadya matur sang adi[96] | nganti para gêrwa | dèrèng prapta sadaya | gya katur duka sang aji | sinanggèng krama | kinèn anggusah aglis ||
151. Dêmang Kêncèng amêpêk santananira | urut Sala kinêrig | jajênênging
--- [f. 295v] ---
nata | sing Kartasura prapta | sigra têngaranya muni | bêndhe sauran | kagyat pangeran myarsi ||
152. kagegeran ing tyasira gya lumalya | wong Sala anututi | maring panêmbahan | wus adoh palajêngya[97] | kang nututi padha bali | mulih mring Sala | kasaput dening wêngi ||
153. kawarnaa panêmbahan kang lumalya | sipêng desa ing Gênting | ing dalu sêmana | tinukup ing wong desa | rajabrananira ênting | kari wêwuda | kang garwa nandhang kanin ||
154. wus malalya malêbêt sajroning wana | turangganira kêni | adharat kewala | lawan sagêrwa putra | tan pisah samya anangis | wadya wus têlas | anutêpining[98] wukir ||
155. wusnya siyang mangilèn anjog ing Bayat | aso anèng wismaning | Pangran Wăngsadriya | samya angupasuba | sigra duta atur uning | mring Panêmbahan | Purbaya Kartasari ||
156. lamun ingkang raka mangkya nèng Tambayat | risak datanpa abdi | mung gêrwa lan putra | mangkana kacarita | pitung dina pitung bêngi | anèng Tambayat | nulya dipun utusi ||
157. mring Mataram pinapag ing tandhu jaran | sapraptaning Matawis | panggya Panêmbahan [Panê...]
--- [f. 296r] ---
[...mbahan] | Purbaya papêngkulan | kang raka lawan kang rayi | samyasmu waspa | ingaturan mring puri ||
158. panggya ikang rayi sultan sasêlaman | kang raka sinung linggih | kinulawisunda[99] | sinung busana arta | kang badhe kinarya gajih | wadya wa Kacakran |[100] kalih atus kang abdi ||
159. samya gêgundhulan wadya Kèrucakran | tan alama tinuding | anglurug mangetan | angêlara jajahan | Pangeran Èrucakra glis | budhal sawadya | saking ing Kartasari ||
160. praptèng Ngutêr anarubakên wong desa | nahan ingkang kawarni | nagri Kartasura | Amral sampun sayaga | sawadyabala Kumpêni | wong Kartasura | wusamapta ing jurit ||
161. sêdya arsa amrêp nagri Kartasêkar | budhal sakèhing baris | têtungguling lampah | Dipati Mangkupraja | Amral ikang anindhihi | sakèhing bala | sabrang awarni-warni ||
162. sinangkalan catu[...][101] karya obahing rat |[102] nahan ikang winarni | pratiwèng Mataram | kang anèng ing Drêsanan | pajêg barise bêbiting | prajuritira | tan ana nêdya noli[103] ||
59. Pangkur
1. sira Dipati Lumarap | wus miyarsa yèn mungsuhe nêkani | sigra angundhangi wadu |
--- [f. 296v] ---
sadhiya mapag ing prang | Adipati Mangkupraja nèng Dilanggu | wadya kang dadi pangarsa | wus ayun-ayunan jurit ||
2. sigra Dipati Lumarap | aputusan atur uningèng gusti | yèn mêngsah agêng kang mêthuk | têtindhihing ayuda | Amral lawan Dipati Mangkuprajèku | Kumpêni kalih bragada | Amral ikang dèn tindhihi ||
3. Kumpêni Islam sanambang | warni-warni Ambon Makasar Bugis | kang dadya têtindhihipun | wasta Lutnan Jêmbaran | mangke sampun barise anèng Dêlanggu | Panêmbahan Purubaya | parentah akèn bantoni ||
4. lawan kinèn ngundurana | ing Kalêpu bêbitinga abêcik | papane ampungan babu | kaline tur jêjurang | nulya budhal punggawa kang arsa bantu | Tumênggung Wiranêgara | prapte[...][104] Dalimas abaris ||
5. lawan nayakèng Mataram | Ki Tumênggung Gajah Pramada katri | Suradiningratumênggung[105] | lawan Sasradiningrat | kinèn abêbiting anèng Sanasèwu | budhal punggawa têtiga | datan kawarna ing margi ||
6. prapta ing Sanasanambang | punggawa tri akèn akarya biting |
--- [f. 297r] ---
tingkês kapurancangipun | pinasang pabitingan | saking Taji wiwitandhês[106] Sanasèwu | gènnya karya pasanggrahan- | ira sultan pan wus dadi ||
7. gangsal wulan laminira | dènnya angadhaton ing Kartasari | mangkyarsa mapag ing pupuh | dènnya akarya wadya | wus akathah binobusana[107] murub |[108] andina rinoban dana | lèlèr dadare waradin ||
8. nêngêna kang boga wadya | kawarnaa Lumarap Adipati | sawadya sampun acampuh | ing prang wong Kartasura | mèh kalindhih sigra wong Kumpêni magut | arame têmpuhing yuda | sigra Lumarap Dipati ||
9. mundur sawadya lon-lonan | prapta ing Kalêpu atata baris | majêng baris Kartapurun | ngêbroki ing Drêsanan | tata baris dening kang anèng Kalêpu | sira Dipati Lumarap | têtêp samya abêbiting ||
10. kawarnaa Adipatya | Mangkupraja angangsêgakên baris | Amral ngangsêgakên wadu | Kumpni pitung kapitan | ikang mangsah prapta ing Kalêpu campuh | ing prang asêrang-sinêrang | Makasar Bugis angukih ||
11. pitung kapitan arampak [a...]
--- [f. 297v] ---
[...rampak] | Adipati Lumarap anandhahi | sanjata lir prawata rug | surakadya ampuhan | agya prapta Wiranêgara Tumênggung | saking kilèn saha wadya | tinadhahan ing Kumpêni ||
12. tan agop pangêdrèlira | drêsing mimis wadya Mataram ngisis | Wiranagara lumayu | angungsi pabitingan | Adipati Lumarap kalangkung tangguh | tan kewran rinoban lawan | ngadêg saluhuring biting ||
13. kang pinangku anèngarsa | tigang atus prajurit Surèngpati | pan samya babêkêl dhusun | kang kinulawisuddha | rinoban ing danakrama siyang dalu | sakèhing dya arahan |[109] patinggine dèn larangi ||
14. amangana ing pondhoknya | pan rinayat dening Sang Adipati | Lumarap bèr budinipun | ambèr kang danakrama | milanipun sadaya nglabuhi lampus | malês sihira Dipatya | Lumarap pêngkuh atitih ||
15. ing yuda sigra angatag | masang kalantaka luhuring biting | wong Kartasura anêmpuh | wong Kumpêni narajang | angêdrèli swarane lwir prawata rug | panggah Dipati [Dipa...]
--- [f. 298r] ---
[...ti] Lumarap | wadyanira akèh mati ||
16. nanging Dipati Lumarap | tan gumingsir nêdya mati ing jurit | wadyane ngaturi mundur | mêngsah dede sêsanggan | lah suwawi anunggil ing baris agung | lingya Dipati Lumarap | ingsun tan nêdya nguncati ||
17. ingsun trahing bandarakan | mêngko ingsun jinungjung ran Dipati | Lumarap jêjuluk ingsun | apa wêwalês ingwang | maring gusti kang ingsun karya wêwangsul | tan lyan wutahing ludira | lan pêcahe kulit mami ||
18. titi tamate sinurat | dina Soma ing Mukharaming sasi | nuju tanggal pitu likur | Kurantiling kaastha | taun Êjhe angkaning warsa winuwus | panêmbahing boma gora | bantala asirah kalih |[110]|
1 | ingkang ngampil. (kembali) |
2 | kumêndur (dan di tempat lain). (kembali) |
3 | pangawat têngên (dan di tempat lain). (kembali) |
4 | ajaluk karyanira. (kembali) |
5 | mêngkab bali. (kembali) |
6 | kumpul lan. (kembali) |
7 | kumpul lawan. (kembali) |
8 | Tanggal: pêksa karya rêtu wong (AJ 1642). Tahun AJ 1642 jatuh antara tanggal Masehi: 5 Desember 1717 sampai dengan 24 November 1718. Sangkala ini mengacu pada kembalinya Jayapuspita ke Kartasura setelah pertempuran hebat, yang menyebabkan banyak korban jiwa di pihak Kartasura. (kembali) |
9 | abaris Sapanjang (dan di tempat lain). (kembali) |
10 | ambolos sawadyanira. (kembali) |
11 | prajurit ting. (kembali) |
12 | ginantung ngarsanya. (kembali) |
13 | lawas sun. (kembali) |
14 | sun nuli. (kembali) |
15 | lan nayaka. (kembali) |
16 | Pamêkasan nagari (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.169.7). Bandingkan: Pamêkasan nêgari (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 148.168.7). (kembali) |
17 | dados satunggil. (kembali) |
18 | kinêpung. (kembali) |
19 | wus sayaga (dan di tempat lain). (kembali) |
20 | kang ngulihkên. (kembali) |
21 | sinuduk kapitan niba. (kembali) |
22 | lajêng ngamuk. (kembali) |
23 | wus sayah. (kembali) |
24 | aprangnya. (kembali) |
25 | jêtungnya. (kembali) |
26 | tinêdhakkên. Bandingkan: pinatêdhakkên (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 148.200.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 135.200.2). (kembali) |
27 | anjurungi. (kembali) |
28 | Kurang satu suku kata: nulya undhang-undhang ing pra prajurit. (kembali) |
29 | kandhêg gènnya. (kembali) |
30 | andulu. (kembali) |
31 | ingkang ngipuk. Bandingkan: kang angipuk (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 147.17.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.18.5). (kembali) |
32 | Nama pupuh ini tercantum dalam naskah sebagai "salin Durma", ditulis di atas baris untuk menandai perubahan metrum. (kembali) |
33 | anggarêgut tandangira. (kembali) |
34 | Kurang satu suku kata: umyang gamêlan muni. (kembali) |
35 | Kurang satu suku kata: Lutênan Bandhêm palastra. (kembali) |
36 | Amral lan (dan di tempat lain). (kembali) |
37 | ngasokkên. (kembali) |
38 | Lebih satu suku kata: kesahing pratiwa rêmbug. (kembali) |
39 | Kurang satu suku kata: enjing anêmbang têngara. (kembali) |
40 | Kurang satu suku kata: parêng anduk sanjata lir prawata rug. Bandingkan: ramening prang sanjata lir prawata rug (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 149.53.5); ramening prang kang bêdhil lir prabata rug (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.54.5); swaraning kang sanjata lir gunung rubuh (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.54.5). (kembali) |
41 | brêngos. (kembali) |
42 | lêmbing. (kembali) |
43 | pinarbutan. (kembali) |
44 | wus sêdhênge. (kembali) |
45 | ebat tumingal: (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.82.6; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 6.82.6). (kembali) |
46 | dados satunggal. (kembali) |
47 | Lebih empat suku kata: lawan Amral makuwon ing nagari. Bandingkan: lawan Amral makuwon kitha malih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 149.87.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.88.2). (kembali) |
48 | ginubêl. (kembali) |
49 | Kurang satu suku kata: ginubêl lir ngajak mijil. (kembali) |
50 | yèn nunggala. (kembali) |
51 | rêmbug gumingsir. (kembali) |
52 | Kurang satu suku kata: wong ing Surabaya amirangtèni. (kembali) |
53 | duk kinêpung (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 149.107.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.108.1). (kembali) |
54 | Kurang satu suku kata: Dêmang Jayawinata panggya patih. (kembali) |
55 | laut tan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 149.118.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.119.4). (kembali) |
56 | Indiya. (kembali) |
57 | Lebih satu suku kata: ing prang aran Radèn Sewanêgari. Bandingkan: Radèn Sewanêgara kang wêwangi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 149.122.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 136.123.2). (kembali) |
58 | Tanggal: paksa karya obahing bantala (AJ 1642). Tahun AJ 1642 jatuh antara tanggal Masehi: 5 Desember 1717 sampai dengan 24 November 1718. Lihat juga: kalih adi rasa putra (AJ 1642) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 150.34.2–3). Sangkala ini merujuk pada keberangkatan dua pangeran, Dipanagara dan Balitar, dari Kartasura menuju medan perang di timur, dengan tujuan memukul mundur pasukan Surabaya yang bertahan di wilayah Kaduwang. (kembali) |
59 | Gêrwakăndha (dan di tempat lain). (kembali) |
60 | agya. (kembali) |
61 | andimpe. (kembali) |
62 | kang ngarêpna. (kembali) |
63 | jawat. (kembali) |
64 | budhal lawan (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 150.64.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.64.2). (kembali) |
65 | ngatag. (kembali) |
66 | Purubaya. (kembali) |
67 | muwun. (kembali) |
68 | Tanggal: tri catur obahing rat (AJ 1643). Tahun AJ 1643 jatuh antara tanggal Masehi: 25 November 1718 sampai dengan 13 November 1719. Sangkala ini menandai wafatnya Susuhunan Pakubuwana I, jenazah beliau kemudian dimakamkan di Imogiri. Penobatan putranya sebagai raja dilakukan segera setelahnya. (kembali) |
69 | pinarêk kathil. (kembali) |
70 | Anèm Mêngkunêgara. (kembali) |
71 | Terdapat dobel sandangan: pangaduning atau pangadune. (kembali) |
72 | Kurang satu suku kata: ki lurah sanget asiya-siya. Bandingkan: dhatêng kawula asiya-siya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 137.107.2). (kembali) |
73 | alit tur. (kembali) |
74 | wus sabên. (kembali) |
75 | Kurang satu suku kata: lawan Jaladara. (kembali) |
76 | sowan. (kembali) |
77 | Ki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 138.59.1). (kembali) |
78 | kapêdhak kiwa. (kembali) |
79 | tampingan. (kembali) |
80 | Cakrajaya. (kembali) |
81 | Lebih satu suku kata: yèn bisaa ngêjum mring para bêndara. (kembali) |
82 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: nagari ing Dêmak. (kembali) |
83 | lampah-. (kembali) |
84 | wus sumaji. (kembali) |
85 | anungkul lami. (kembali) |
86 | dalêm mutadanya. (kembali) |
87 | Lebih dua suku kata: datan piyandêl ing gusti. (kembali) |
88 | ingandikan. (kembali) |
89 | jangkêp ping. (kembali) |
90 | lampahing. (kembali) |
91 | prapta. (kembali) |
92 | Lebih satu suku kata: ing ngarsa manêmbah angling. (kembali) |
93 | kontholira. (kembali) |
94 | palananganira. (kembali) |
95 | sinambat tangis. (kembali) |
96 | aji. (kembali) |
97 | palajêngnya. (kembali) |
98 | anut têpining. (kembali) |
99 | kinulawisuda. (kembali) |
100 | Lebih satu suku kata: wadya Kacakran. (kembali) |
101 | catur. (kembali) |
102 | Tanggal: catu [catur] karya obahing rat (AJ 1644). Tahun AJ 1644 jatuh pada antara tanggal Masehi: 14 November 1719 sampai dengan 2 November 1720. Sangkala ini mengacu pada berkumpulnya kekuatan terakhir Mataram di Drêsanan dan Kalêpu untuk menghadang serangan gabungan musuh. (kembali) |
103 | nolih. (kembali) |
104 | praptèng. (kembali) |
105 | Suradiningrat Tumênggung. (kembali) |
106 | wiwit tandhês. (kembali) |
107 | binabusana. (kembali) |
108 | Kurang satu suku kata: wus akathah binabusana amurub. (kembali) |
109 | Kurang satu suku kata: sakèhing wadya arahan. (kembali) |
110 | Tanggal: Soma (Sênèn) pitu likur (27) Mukharam (Sura) Êjhe (Je): panêmbahing boma gora bantala (AJ 1702). Tanggal Masehi: Senin 18 Maret 1776. (kembali) |