Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 001–009)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Sêrat Babad Jawi
--- [f. 1r] ---
XXIX
[Cap]
No 7
This Manuscript said to contain A History of Java was presented to me by AdiPatty of Lasum on the East Coast of Java & received at Koodus on the 4th May 1812
[Cap]
--- [f. 1v] ---
[...]
--- [f. 2r] ---
Wontên dening adadtipun Kyai Dipati Lasêm Yudanagara, bilih wontên pêsabinan, atawa jagung, atawa patêgilan ingkang sami dipun tanêmi jagung, tuwin liyanipun. Botên wontên ingkang sami dipun puponi wohipun. Mêkatên malih kang wêrni wiwitan wit kêlapa, tuwin wiwitan liyanipun, inggih botên dipun pupu wohipun. Sapunika malih tambak-tambakipun tiyang alit, inggih botên wontên ingkang dipun pupu ulamipun, kêjawi wau sabin tatêgilan wiwitan tambak, kang ing wau-waunipun sami kadêrbe dhatêng bupati.
[Cap]
--- [f. 2v] ---
Awiyos, sarèhning Kangjêng Tuwan Kulonèl Makènsi aparing parentah dhatêng Kyai Dipati Lasêm, supados anyaosana babad-babad, sarta pangandikanipun, kula ngrungu yèn dika ing ngriki akathah babad-babad. Sawab puniku sampun tan botên, muga kula dika kirimi têtulisan babad-babad, ingkang enggal tuli dika pasrahake maring Tuwan Dros, supaya kakirimna maring kula, sarta sampun dika săngga krama kimawon, inggih-inggih têmahan lawas. Sawab punika Kyai Dipati Lasêm, kamipurun anyaosakên sêrat babad, sangking lêlampahanipun kala wit kadadosake dipati ing Lasêm, saengga ing dalêm kalih wêlas taun kirang kêdhik, sangking prakawis punika wau lêlampahan, bilih wontên ingkang amêstani lêpat, inggih kadospundi malih sarèhning sampun kalajêng kakajêngakên.
Wiyosipun[1] malih kala Kangjêng Tuwan Kolonèl Makènsi amundhut Sêrat Babad Kyai Dipati Lasêm nuntên agadhah atur, sarupinipun bupati kados yèn sami gadhah babad punika, punapa dening kangjêng sunan kangjêng sultan. Kalih dening aturipun malih kyai dipati dhatêng Kangjêng Tuwan Makènsi, mênggah kawula Babad Jawi punika akathah ingkang salah, mila kawula botên angèstokakên, [...] Jawi ingkang sampun têtela, dipun rêmbagi ngakathah, sarta botên patos lami têmên, tumuntên wangsulanipun Kangjêng Tuwan Makènsi, yèn carita babad puniku wontên kaluputane, dede dika kang anduwèni kasalahan.
--- [f. 3r][2] ---
Sêrat Babad Kyai Dipati Lasêm
1. Dhandhanggula
1. wêdharing srat sêkar madu manis | sukci kadya pandhitaning nata | sêngkala duk panêrate | Sêlasa dintênipun | tanggal tiga likur anênggih | nuju sasi Ramêlan | Êje ingkang taun |[3] anglampahi ing ayahan | malah mandar angsala barkahing gusti | mulya têkèng dêlahan ||
2. kang kinarya purwakaning tulis | cêcaritan kang prakawis yatra | nêgari Lasêm wiyose | tuwin pratingkahipun | kang kasuda kalayan malih | ingkang dèrèng kasuda | wontên dening wau | prakawis plawang punika | awit sangking aturipun ingkang mantri | wasta Wirasantika ||
3. sarta aturipun mantri malih | Surajaya lan Sêcadirona | punika kang asring dhèrèk | kantos nêmbêlas taun | gènya dhèrèk mupu pakori | dhatêng mas bèi ika | Martadipurèku | wontên dening ingkang maca | sarta ingkang amirêng ungêle singgih | cêcaritan punika ||
4. yêkti kêdah sami maklum ugi | krantên bilih wontên kang salaya | utawi lamun kasupèn | sigar sadhuwitipun | suwang kalih uwang pratuwin | salaya ing satindak | kalih tindakipun | mapan jênênging manusa | wus jamake andarbèni owah gingsir | supe ing sawêtara ||
5. kalih ing dalêm lampah kang pêsthi | kathah pundi lamun kaetanga | kang lêpat lawan lêrêse | kang sarta maksih agung |
--- [f. 3v] ---
ingkang dèrèng dipun ewahi | sigêgên rêraosan | nêngêna rumuhun | sajênênge sang dipatya | kangjêng kyai tumênggung ingkang samangkin | kang jumênêng ing Kamal ||
6. anggêntosi bupati rumiyin | Kyai Tumênggung Suradipura | ingkang lulus pandhongkole | solahe tan cinatur | kawuwusa sang abupati | kang palênggah ing Kamal | Jêng Kyai Tumênggung | Yudanêgara punika | pêpundhutan yatra ingkang dèn ewahi | kalayan padamêlan ||
7. kang rumiyin prakawis pakori | cacah griya ing dalêm sasêrap | ingkang wau panarike | griya satunggalipun | pan nyauwang dènnya anarik | dene kang panjênêngan | Jêng Kyai Tumênggung | Yudanêgara punika | ingewahan nênggih têtiyang satunggil | tinarikan anyaga ||
8. ingkang wau sawarnining modin | agêng alit tinarik anyêka | dene mangke panarike | nênggih namung nyatangsul | ngalih uwang limalas dhuwit | ingkang modin satunggal | dening lampah alus | dhatêng Mas Martadipura | kenging nyêka patinggi satunggil-tunggil | ing mangke kaicalna ||
9. wah pênampi sêka dhatêng mantri | ingkang dhèrèk Mas Martadipura | ing mangke kaicalake | dene palampahipun | magang ingkang kinèn nariki | yatra wau punika |
--- [f. 4r] ---
botên mantun-mantun | yèn dèrèng têlas sêdaya | sarta kenging patinggi yatra sêtali | mangke kaicalêna ||
10. lawan mawi kang yatra pakêmit | tigang uwang patinggi satunggal | ing mangke kaicalake | kang sarta kenging suguh | panggang ayam tumpêng satunggil | ing mangke kaicalna | lawan ingkang wau | kenging panumbase madat | pan nyauwang ingkang patinggi satunggil | ing mangke kaicalna ||
11. ingkang wau kang para patinggi | sami kenging panumbase dhêdhak | nyuwang-nyuwang satunggile | dhatêng ing gamêlipun | Ki Mas Martadipura nênggih | ing mangke kasirnakna | lawan ingkang wau | alame tumênggung lama | kenging yatra palunas para patinggi | satunggal gangsal sêka ||
12. wontên dening bupati ing mangkin | kakirangkên sêpalih kang ical | utawi sapratigane | kalayan ingkang wau | mênggah ingkang narik pakori | putra ingkang lumampah | saha wadyanipun | kang sarta mawi ambêkta | mantri kalih kapilih wolu kang ngiring | lawan ambêkta magang ||
13. rencang-rencang lamun winêtawis | wontên satus kathahe sêdaya | kirang langkung datan akèh | dening lamun lumaku | gènnya narik yatra pakori | têrkadhang nitih jolang | yèn sipêng andalu | asring [a...]
--- [f. 4v] ---
[...sring] mêragad maesa | tuwin sawung têrkadhang ananggap ringgit | utawi jêjogetdan[4] ||
14. lamun arsa mangkat mas ngabèi | mawi nêdha ingkang tundhan kapal | tuwin tundhan têtiyange | dhatêng ing dhusun-dhusun | kanan kèri ingkang nyêdhêki | têtiyang kalih dasa | gangsal kapalipun | malah langkung yèn têrkadhang | dene mangke tundhan kapal lawan jali[5] | pan botên mawi pisan ||
15. alamipun bupati ing mangkin | Kyai Tumênggung Yudanêgara | lamun narik pêlawange | mantri alit ingutus | mung satunggal lurah kêkalih | magang kalêbêt rencang | ing mêryayi wau | amung tiyang gangsal wêlas | ingkang sarta mawi dipun parentahi | dhatêng ingkang bupatya ||
16. botên pisan lamun dèn lilani | nêdha ulam kang mawi mêragad | sawung utawi mendane | yèng ajêng nêdha sawung | tuwin menda dipun lilani | angêlonga punika | yatra agêng wau | kagungane kang bupatya | katumbasna kang sawung kalayan kambing | sanadyan jêjogedan ||
17. atanapi ananggapa ringgit | linilanan lamun angêlonga | yatra agêng kagungane | kangjêng kyai tumênggung | sampun kantos nêdha patinggi | têmah andamêl susah | mila sakêlangkung | sangêt parentah kang dhawah |
--- [f. 5r] ---
kajawi yèn kang gadhah griya nyugati | sami karana suka ||
18. ingkang wau yèn sêsokan sami | yatra pêlawang mawi ambêkta | ingkang sukêt sarêmbate | tiyang satunggalipun | ingkang botên bêkta amêsthi | kenging yatra nyauwang | wong satunggilipun | ing mangke kailangêna | pan akathah sudane lawan rumiyin | kala bupati lama ||
19. lawan wontên kang kasuda malih | ingkang wau salawat wong nikah | dhatêng pêngulu kathahe | punika ingkang tamtu | nêmbêlas wang tiyang satunggil | ing mangke kang parentah | Jêng Kyai Tumênggung | Yudanêgara punika | dhatêng kyai pangulu panatagami | kasuda tigang uwang ||
20. tur salawat kang kalih wang nênggih | salamine dhatêng kang bupatya | ing mangke kaicalake | tuwin waragadipun | kawin tiyang satunggil-tunggil | kang dhatêng juru sêrat | ing pakawin wau | bêrasipun anyapitrah | kêrambile sakanthèt sawung satunggil | ing mangke kaicalna ||
21. lamun botên mawi amragadi | anyukani yatra tigang uwang | ing mangke kaicalake | wah kang yatra palênguk | kawan uwang tiyang satunggil | ing mangke pan kasuda | kalih wang kang kantun | myang yatra pacêngkung ika | kenging yatra sasêka tiyang satunggil | dene mangke kasuda ||
22. tigang
--- [f. 5v] ---
uwang mung kantun satali | ênêngêna palênguk palawang | pacêngkung myang pakawine | nênggih ingkang winuwus | ingkang sampun dipun ewahi | adad kang lama-lama | mring Kyai Tumênggung | Yudanagara punika | kadi ta yèn tindak surung sang dipati | dhatêng ing dhusun Bancar ||
23. anglampahi karyane Kumpêni | jênêngipun bupati kang lama | sawontêne ing Bancare | ingkang ngaturi suguh | Dêmang Bancar datan ngêpoti | enjing sontên sasêgah | sarêng alamipun | kyai tumênggung punika | tan linilan ki dêmang ngaturi bêkti | mantun gènira sêgah ||
24. dene kyai tumênggung rumiyin | mantri lêbêt ing sakathahira | ingkang sami andhêdhèrèk | inggih sami sinuguh | Dêmang Bancar ingkang nyêgahi | sêkul kalayan ulam | nyapiring sadarum | ing mangke datan linilan | sêsêgaha dene para mantri-mantri | jawi lêbêt sêdaya ||
25. ingkang samya dhèrèk ngiring-iring | dhatêng dhusun Pasurungan Bancar | pinaring wos sayatrane | dhatêng kyai tumênggung | kang jumênêng Lasêm ing mangkin | tuwin yatra kewala | wau paringipun | dene bupati kang lama | datan mawi pisan nganggea pêparing | pan lagya sapunika ||
26. lawan malih bupati rumiyin | lamun kondur sangking Pasurungan | ing Bancar miwah kalane | tindak ing dhusun-dhusun |
--- [f. 6r] ---
anglampahi karya Kumpêni | myang karsane kiyambak | ambêktaa wadu | magang lawan panakawan | para nyai kapilih maranggo ngawin | panurung lan patehan ||
27. myang padharan miwah mantri-mantri | inggih sapintên kathahe wadya | ingkang sami andhêdhèrèk | dhatêng bupatinipun | măngka rêrêp ing dhusun nênggih | lajêng asipêng pisan | pintên laminipun | patinggi ingkang sasêgah | sakancane myang dhusun ing kanan kèri | kang cêlak tumut sêgah ||
28. sajênênge wau kang bupati | Kyai Tumênggung Yudanagara | èstu datan ngarsakake | bêktaa tiyang satus | kalih atus tri atus tuwin | dipun rayat piyambak | saha mantrinipun | sapanakawane pisan | ingkang mantri arayat kang ambupati | kang jumênêng ing Kamal ||
2. Sinom
1. kala ingkang panjênêngan | wau ta Kangjêng Kiyai | Tumênggung Yudanagara | yèn nuju utusan mantri | dhatênga pundi-pundi | tuwin magang purugipun | inggih mawi kasumbang | ingkang sangu dèn paringi | ngênêm sêka sareyal sajampêl sêka ||
2. aningali têbahira | cêlake kang dèn lampahi | dene bupati kang lama | botên pisan mawi paring | sangu dhatêng ing mantri | tuwin magang kang ingutus | lawan malih kang ewah | lamun tamuan Wêlandi | tuwan petor-petor sapanginggilira ||
3. kajawi
--- [f. 6v] ---
lamun tamuan | ing kangjêng tuwan idêlir | kang warni sawung myang tigan | jêng kyai tumênggung mangkin | katumbasna pribadi | wau tigan lawan sawung | bupati ingkang lama | kapundhutakên ing mantri | ngajêng wingking miwah tiyang pakauman ||
4. tuwin kalanipun karsa | dêdamêlan kang bupati | gêdhong-gêdhong lawan langgar | kang sumur bong pisang sisir | tuwin kang saliyaning | wau padamêlanipun | ingkang kagarap tukang | kêmasan lan pandhe wêsi | tukang batu ingkang sami nêdha sawah ||
5. inggih kabayar sadaya | sapalih bayaran wajib | anêdha lêbêt sadaya | yèn tukang kêrigan sami | kabayar kadi dening | kang bayaran adadipun | kang wau botên pisan | kala bupati kariyin | wontên malih ing mangke ingkang winarna ||
6. bupati ing sapunika | yèn tindak kala ing pundi | purugipun gènnya tindak | têtiyang alit kang sami | anandhu jêng kiyai | myang kang rêmbat[6] barangipun | inggih sami kabayar | sêdaya pan winitawis | mênggah têbah cêlakipun kalampahan ||
7. yèn têbih utawi cêdhak | bayaran pinanci-panci | miwah lamun katamuan | dhatêng kang sami bupati | asipênga salatri | utawa yèn kalih dalu | sarta bêktaa bala | sapintên kathahing dasih | inggih kangjêng kyai tumênggung kang sêgah ||
8. sakathahe wadyanira | kangjêng kyai kang nyêgahi | botên mawi kapundhutna |
--- [f. 7r] ---
dhatêng ingkang para mantri | dene alam rumiyin | kabagi punang sêsuguh | dhatêng mantri punggawa | ing mangke dipun ewahi | kêdhik kathah sang dipati kang kawratan ||
9. nanging yèn tamu punika | niyah asêdya pêpanggih | utawi lamun utusan | dhatêng ing kangjêng kiyai | tuwin yèn wontên malih | utusan para tumênggung | sarta bêktaa rencang | sapintên kathahing jalmi | sang dipati kang maringi sêgahira ||
10. inggih sapintên laminya | duta sadèrènge mulih | cuma-cuma kapondhokan | wau mantri kang dèn gèni | sangking sang abupati | nênggih samubarangipun | bupati ingkang lama | kawradinakên ing mantri | kang ngingoni inggih ingkang kapondhokan ||
11. lan malih măngsa punika | anênggih kangjêng Kumpêni | ngêrsakakên pakêbonan | sami tinanêman kopi | nanging kang dèn rêmêni | dhatêng ing sareyanipun | pasitèn [pasi...]
--- [f. 7v] ---
[...]
--- [f. 8r][7] ---
[...tèn] nuju wona | kinèn ambukak tumuli | kalampahan andhêdhongkèl sakèh tunggak ||
12. sapintên kathahe tiyang | ingkang sami andhongkèli | lan sapintên laminira | kangjêng kyai kang ngingoni | kalih yèn wontên jalmi | angêlêbêtakên pantun | panajung saking desa | kaparingan yatra sami | ingkang ngrêmbat ingkang sarta kawêtara ||
13. têbah cêlake kang desa | dening bupati rumiyin | botên mawi kaparingan | lawan sapunika malih | tiyang ingkang ngrêmbati | mriyos kopi sangking dhusun | malêbêt ing nagara | inggih sami dèn bayari | nitik têbah cêlakipun lêlampahan ||
14. dening bupati kang lama | botên mawi amaringi | mapan amung wolung warsa | ing mangke dipun bayari | nênggih dhatêng Kumpêni | lawan malih kang winuwus | bupati ingkang lama | kalane bakda riyadin | ing pasowan lêbêt praptèng galedhegan ||
15. tinêrapan kang têratag | dening mangke datan mawi | amung ngajêng galedhegan | ingkang kasukanan kêdhik | lawan mangkatên malih | lamun wontên barangipun | mantri tuwin sêntana | tanapi têtiyang alit | ingkang nuju kinarsakên kang bupatya ||
16. botên kapundhut pracuma | sarêgane dèn paringi | lan malih bupati lama | ingkang jumênêng rumiyin | lamun mundhut pawèstri | kang sarta pêdhayanipun | pan kalayan kapêksa | dening bupati ing mangkin | lamun karsa amundhut bocah wadonnya ||
17. inggih kalayan kang suka | lilane kang darbe siwi | kados dening tiyang-tiyang | kang arsa alaki rabi | yèn tan dados sukaning | wau ingkang darbe sunu | èstu botên kapêksa [kapêk...]
--- [f. 8v] ---
[...sa] | lawan malih sang dipati | kalanipun tindak surung dhatêng Bancar ||
18. tuwin dhatêng nagri Rêmbang | utawi ing pundi-pundi | sipêng kantos wolung dina | miwah kalih wêlas latri | tuwin nêmbêlas ari | ponakawan myang mêranggu | kapilih lawan magang | gamêl kang sarta prayayi | sami dipun paringi yatra sadaya ||
19. ingkang wau botên pisan | kalayan malih ing mangkin | kalanipun waktu Siyam | sarupaning para nyai | kang agêng lawan alit | myang tiyang pawon sêdarum | sami kabayar yatra | para nyai ngalih dhuwit | ngalih sigar sabên tintên[8] datan towang ||
20. têtiyang pawon anyaga | sabên dintên dèn paringi | dening kalamun antara | kabayar nanging wis-awis | kang wau botên mawi | lawan sasi Siyam muput | sabên dalu darusan | dening kathahe kang ngaji | kawandasa yèn têrkadhang gangsal dasa ||
21. sawidak lamun têrkadhang | lamun mawi animbali | mantri kang wontên ngajêngan | sami kaparingan kopi | pêpanganan tan kari | lajêng kaparingan saur | sami mugèng[9] mêndhapa | ingkang wau botên mawi | alamipun Tumênggung Suradipura ||
22. inggih mawi dêdarusan | pêndhak Jumungah kapêsthi | yèn liya malêm Jumungah | mapan botên mawi ngaji | lawan malih ing mangkin | yèn antara sabên wêktu | Jumungah asiddhêkah | gangsal asahan ing masjid | ingkang wau mawi nanging kadhangkala ||
23. lawan malih sapunika | sajênênge Kangjêng Kyai | Tumênggung Yudanagara | lamun wontên tuwan Sayid | utawi Tuwan Kaji | sanak pawong sanakipun | kalayan tiyang Koja | tiyang Cina tiyang Jawi | ingkang prapta ing nagari [naga...]
--- [f. 9r] ---
[...ri] Kamaldirja ||
24. sêdya kesah dhatêng Rêmbang | utawi dhatêng ing Tubin | aminta pitulung kapal | myang tiyang badhe ngrêmbati | dhatêng sang adipati | dyan kapundhutakên gupuh | bêrah kapal lan tiyang | dhatêng têtiyang ing wingking | kangjêng kyai ingkang maringi bêrahan ||
25. botên pisan kapundhutna | wau kapal lawan jalmi | dhatêng tatiyang Gêladhag | kajawi dipun bêrahi | dening kala rumiyin | mapan dados sangganipun | têtiyang ing Gêladhag | ing make[10] dipun ewahi | lawan malih dhusun Gêladhag sadaya ||
26. panajung tuwin pêlawang | dèn ênirakên ing mangkin | ingkang wau botên pisan | pêlawang pênajung ênir | lan sapunika malih | wau jêng kyai tumênggung | yèn karsa dêdamêlan | warni griya-griya tuwin | langgar-langgar miwah ing saliyanira ||
27. mangke botên pisan-pisan | mawia amêmundhuti | urunan kajêng punika | dhatêng ingkang mantri-mantri | tuwin têtiyang alin[11] | mênggah ingkang warni kayu | myang barang ingkang liya | tan linilan anguruni | atanapi lamun aturuna tiyang ||
28. miwah ta panggarapira | wontên dening ingkang narik | ing kajêng kang badhe griya | tuwin ingkang angrêmbati | inggih ikang[12] bupati | ingkang bayari sêdarum | kang têbih lan kang cêlak | bayaran pinanci-panci | ingkang wau botên mawi kabayaran ||
29. wontên malih kang winarna | sagunging pugawa[13] mantri | lamun nuju darbe karya | tanapi têtiyang alit | yèn ajêng darbe kardi | ningkahakên anakipun | sênadyan sidhêkahan | ragi agêng sawêtawis | angsal ugi purun anuwun pêkakas ||
30. ing kyai sang adipatya | saètu[14] [saè...]
--- [f. 9v] ---
[...tu] dipun paringi | kados wau kang dandosan | ingkang warni panjang piring | kêlasa lawan lampit | bokor lantera lan lampu | paidon lan patehan | lêluwur talam myang kêndhi | angsal nuwun botên lêpat kaparingan ||
31. dening bupati kang lama | aprasasat botên kenging | kajawi para sêntana | myang prayayi agêng sami | lawan malih ing mangkin | Tuwan Petor lamun nuju | tindak amêmariksa | ing kêbon mariyos kopi | dhatêng dhusun-dhusun satahun sapisan ||
32. utawi lamun akarsa | amêng-amêng ing liyaning | kang punika sang dipatya | ing mangke mawi maringi | sumbang dhatêng kang abdi | kang dêmang-dêmang ing dhusun | wau kang kapondhokan | ing Tuwan Petor anênggih | myang patinggi singa-singa kang kabrêkan ||
33. kang sumbang sadasa reyal | wontên ingkang rolas ringgit | wontên ingkang pitung reyal | mila sami dèn paringi | dêmang miwah patinggi | sawab Tuwan Petor wau | babêktanipun kathah | magang-magang samya ngiring | lawan upas miwah liyane akathah ||
34. dening ta sang adipatya | yèn nuju sarêng umiring | Tuwan Petor lampahira | sagung wadya kang angiring | dhatêng kangjêng kiyai | katumbasakên sêdarum | sêkul kalawan ulam | dêmang atawi patinggi | tan kalilan lamun karsa sêsêgaha ||
35. utawi[15] ingkang bupatya | kalamun tindak pribadi | amriksani pakêbonan | mariyos kalayan kopi | inggih mawi bayari | mring kang kapondhokan wau | katêksir kathahira | kêdhike gènnya [gè...]
--- [f. 10r][16] ---
[...nnya] nyêgahi | mila sangêt kasmaraning wadyabala ||
3. Asmaradana
1. lawan malih Kangjêng Kyai | Tumênggung Yudanagara | dipun songsongi abdine | lakung[17] saking saprapat jam | inggih kabayar yatra | ingkang anongsongi wau | kêjawi yèn kasupeyan ||
2. bupati ingkang rumiyin | asring-asring lamun tindak | kados ta lêlampahane | ing Lasêm prapta ing Rêmbang | yèn datan sêsandêran | miwah tindak liyanipun | lamun botên kêkaretan ||
3. inggih mawi dèn songsongi | wangsal-wangsul saking Kamal | dumugi Rêmbang lampahe | lawan malih sapunika | sagunging ingkang rêmbat | mênggah barang-barangipun | sami kabayar sadaya ||
4. ingkang wau botên mawi | ambêbayar mring kang rêmbat | kalawan malih ing mangke | lamun wontên sanak-sanak | myang pêkir mêskin ingkang | nênuwun tan mawi wangsul | pan sami kasidêkahan ||
5. sapatute dèn paringi | botên mawi kalêpatan | kêjawi lamun kasupèn | sasad[18] botên ingkang lama | apêparing punika | lawan malih mantrinipun | sami kawardi sadaya ||
6. salat Jumungah ing masjid | tanapi para sêntana | myang lalurah sakathahe | sarta kapênging sadaya | anginuma waragang | kang parentah Kangjêng Rasul | sami kinèn ngêlampahna ||
7. ingkang wau botên mawi | pêparentah kang mangkana | kang punika sêdayane | kang sami kaucapêna | bilih wontên sêlaya | layan adad kang karuwun [karu...]
--- [f. 10v] ---
[...wun] | kados yèn botên sêlaya ||
8. kêjawi wontên kang sisip | cidranipun têtaksiran | utawi lamun kasupèn | lawan malih sang dipatya | nênggih salaminira | jumênêng dados tumênggung | ing nagari Kamaldirja ||
9. yèn ta kalamun ningali | adad ingkang kathah-kathah | lêlampahan jaman mangke | sakèhe para bupatya | botên angraos pisan | wau jêng kyai tumênggung | karya kangelan ing bala ||
10. nadyan kangelana kêdhik | inggih mawi kabêrahan | kajawi wontên ligêre | punika botên kabêrah | lan malih kajawia | ingkang agêng karsanipun | wontên malih kang winarna ||
11. sajênênge Kangjêng Kyai | Tumênggung Yudanagara | adad kang dèn ewahake | kados aturipun lurah | gamêl pun Wiramarta | mapan sabên-sabên taun | patinggine minarenan ||
12. kyai tumênggung ing mangkin | botên pisan ngarsakêna | pun Wiramarta ature | sadèrènge wontên prentah | pan sampun kaewahan | lawan malih tiyang tungguk | kang sami wontên padharan ||
13. myang kang tênggak lêsung tuwin | têtiyang gamêl punika | ing nguni asring nyênyolong | sêkul uwos lawan uyah | ing mangke ingawisan | mring kangjêng kyai tumênggung | èstu datan ngarsakêna ||
14. dening sampun nêdhi sabin | wau tiyang ingkang tênggak | têka ngangge anyanyolong | sangking prakawis punika | kang kasêbut sadaya | ing nginggil tumuntên wau | wontên ingkang nênacada ||
15. dhatêng ing Kangjêng Kiyai | Tumênggung Yudanagara | pratuwin angalêm sae | punapa kang lalêrêsan | ing kukum sangking sarak | nanging ingkang sami kumpul | lampahane Wiramarta ||
16. tuwin ta ingkang anunggil | lampahane tiyang-tiyang | sikêp kang sami nyênyolong | kang punika anglêngkara | yèn darbea pamujya | dhatêng [dha...]
--- [f. 11r] ---
[...têng] ing kyai tumênggung | kang jumênêng nagri Kamal ||
17. lawan malih kangjêng kyai | kala maksih rawuh anyar | sakèh dul dèn têlukake | bilih manawi punika | kang gadhah kasêrikan | lawan panyolongan wau | tuwin Lurah Wiramarta ||
18. kalih dening kangjêng kyai | yèn nuju măngsa katiga | katamuan Tuwan Petor | myang Wêlandi agêng liya | tuwin para dipatya | sarèhning latar balêduk | tumuntên kinèn anyiram ||
19. wau kang sami nyirami | sami kaparingan yatra | ningali kathah kêdhike | latar ingkang siniraman | têrkadhang tigang uwang | sangang uwang lan sasuku | sêjampêl lamun têrkadhang ||
20. êbongipun kangjêng kyai | kathahipun tiga wêlas | nanging kang gangsal kaangge | rintên dalu dhatêng ingkang | salat para wanodya | sèkêt nênêm kathahipun | sami ngaos lawan salat ||
21. dening ingkang angisèni | bong gangsal wau punika | kaparingan bêrahane | têtêp kados tiyang bêrah | tan mawi kakirangan | dening êbong liyanipun | ingkang sagangsal punika ||
22. têtiyang ingkang ngisèni | inggih sami kaparingan | yatra têrkadhang kimawon | lawan malih kang winarna | yèn nuju sadhêkahan | jêng kyai kang ragi agung | utawi yèn katamuan ||
23. agêng myang sadhêkah alit | nanging anuju kasêsa | kang nutu sinambatake | sarta kasumbang bêrahan | wau tiyang sambatan | sêbawon bêrahanipun | anigang dhuwit wêrata ||
24. ingkang nêdha lêbêt sami | pan kabayaran anyaga | lan malih kang winiraos | mênggah bupati kang lama | mangsanipun sidhêkah | bakda Siyam tuwin Mulud | punggawa mantri akathah ||
25. ngêpung ambênge pribadi | ancak agêng ambêngira | dening bupati ing mangke | dahat datan ngarsakêna | dening kang para putra | kalayan sêntananipun | myang mantri lawan lalurah ||
26. tanapi para patinggi | pan sami kakêrsakêna | angêpunga ing ajate | kyai [kya...]
--- [f. 11v] ---
[...i] tumênggung piyambak | sabên-sabên mangkana | dening lamun wêktu Mulud | mantri-mantri tuwin lurah ||
27. mapan sami dèn paringi | yatra sêlawat sadaya | angalih uwang kathahe | ponakawan lawan magang | sikêp sami anyuwang | tanapi mantri sadarum | ingkang wau botên bisan ||
28. namung mantri dèn bayari | lan malih yèn bakda Siyam | kyai tumênggung ing mangke | andamêl rampadan ulam | kathahe kawan dasa | miwah pêpangananipun | pan kawan dasa rampadan ||
29. ing bakda Mulud pratuwin | inggih kados sapunika | lawan malih duk jênênge | kyai tumênggung kang lama | yèn nuju sadhêkahan | agêng sakèh bojonipun | punggawa mantri kang olah ||
30. rabine lurah kinêrig | dening make datan karsa | kang bupati panggalihe | sampun kathah damêl susah | ing mantri lan punggawa | lan malih yèn mangsanipun | nagri Lasêm kapanenan ||
31. bupati ingkang rumiyin | ing sabên panèn tumindak | saha garwa lan putrane | miwah kang para sêntana | sami kêrig sadaya | dêrêp maring waru gunung | wadyabala kawêtara ||
32. kalih atus malah luwih | kalêbêt mantri punggawa | ingkang sarta sarencange | dening sakathahing sêgah | lurah kang mardèkêna | kalayan patingginipun | sarta maragat maesa ||
33. kyai tumênggung ing mangkin | botên pisan ngarsakêna | kagalih kathah susahe | kang wadya alit sadaya | sangêt pangowêlira | kangjêng kiyai tumênggung | ing susahe wadyabala ||
34. bupati ingkang rumiyin | yèn măngsa andêrêpêna | sabin dalêman sakèhe | pandêrêpe wong jro pura | putra lawan sêntana | myang mantri-mantri sêdarum | datan mawi kabawonan ||
35. myang kirang botên kabagi | gangsal kadi dening adad | kyai tumênggung ing mangke | mapan datan ngarsakêna | nadyan garwa myang putra | sêntana wong dalêm agung | sadaya kapara gangsal ||
--- [f. 12r] ---
36. sawab sabin kang dèn êni | maksih dados melikira | kang tatiyang sakathahe | dening bupati kang lama | lamun andêrêpêna | kang sabin dalêman wau | lajêng sami kabawonan ||
37. maksih wontên têngah sabin | dados kang bêlahan mêntah | dipun êlih panggenane | kausung maring jro pura | mantri kang kabêbahan | kang sawênèh ambêburuh | angusung pantun dêrêpan ||
38. dening ta Kangjêng Kiyai | Tumênggung Yudanagara | mangke datan ngarsakake | wau pantun dadêrêpan | prasamya kabawonan | wontên ing lêbêt sadarum | sampun dados kasusahan ||
39. sêsanggène para mantri | miwah tiyang ingkang ngrêmbat | pramila sangêt ewahe | ing mangke lawan ing kina | pan sampun kabyantara | samubarang karsanipun | tansah kanthi lawan yatra ||
4. Kinanthi
1. wontên malih kang winuwus | bupati ingkang rumayin | lamun amundhut gêrabah | botên mawi dèn bayari | saking dhusun ing Pabeyan | sakilènipun nêgari ||
2. dening ta Kyai Tumênggung | Yudanagara ing mangkin | yèn kaetang mawi nyumbang | kang bayaran sawêtawis | utawi lamun akarsa | kangjêng kyai mundhut êpring ||
3. sapintêna kathahipun | punapa dening satugil[19] | sangking karsaning piyambak | kaparingan yatra sami | kadi rêgine ing jaba | botên mawi dèn kirangi ||
4. dening bupati kang wau | datan ngangge dèn tumbasi | inggih kapundhut pracuma | lawan malih kang winarni | wadyabala alit ingkang | lumêksanèng andandosi ||
5. dhatêng pasanggrahan Nyamplung | sadaya dipun ingoni | datan wontên kaliwatan | wau dhatêng kang bupati | kang jumênêng sapunika | tuwin ingkang warni êpring ||
6. miwah ingkang warni kayu | myang maesa kang nyaradi | abahan wau punika | kang dhatêng ing Nyamplung sami | inggih sami kabayaran | kang bêrahan sawêtawis ||
7. dene kala ingkang wau | botên mawi ambayari | sarta
--- [f. 12v] ---
botên kaingonan | mapan lagya alam mangkin | wontên malih kang winarna | jakatipun kang bupati ||
8. punika kang warni pantun | tigang dasa amêt nênggih | ingkang dhatêng pakaiman | kangjêng kyai tan nglilani | ki pangulu dhèrèk nêdha | atanapi kêtib kalih ||
9. namung tiyang sêpuh-sêpuh | marêbot kalawan modin | anak yatin kang kalilan | tiyang repot jalêr èstri | kang sami nglampahi salat | punika kang dèn lilani ||
10. dening bupati kang wau | sêdasa amêt kang mijil | jakat dhatêng pakaiman | ki pangulu lawan kêtib | sami dhèrèk nêdha jakat | tiyang repot tan dèn dumi ||
11. kalih dene adadipun | kyai tumênggung ing mangkin | bilih wontên tiyang ingkang | atur-atur ing bupati | ingkang mawi dipun rêmbat | tumuntên dipun paringi ||
12. tiyang ingkang ngrêmbat wau | kêdhik kang botên kaparing | ingkang sarta kawêtara | tiyangane kang ngaturi | miwah têbih cêlakira | ingkang wau botên mawi ||
13. dening bupati kang wau | sring utusan dhatêng Pathi | ing Dêmak tuwin Sêmarang | kintunan rinêmbat sami | sarta asring kapundhutna | dhatêng para mantri-mantri ||
14. wau tiyang ingkang mikul | kintunane kang bupati | dening mantri kang satêngah | bêrahakên mring Sêmawis | arêmbat wau kintunan | ngênêm sêka wong satunggil ||
15. dening wau mas tumênggung | botên pisan amaringi | pasumbang ingkang bêrahan | mantri piyambak kang nyanggi | dene alam sapunika | datan karsa kangjêng kyai ||
16. mila ewah lan rumuhun | kagalih angêlangkungi | susahipun ingkang wadya | lawan saprakawis malih | lamun wontên papundhutan | sangking kantor Rêmbang singgih ||
17. kados ta pangaosipun | papundhutan sangking loji | ukon-ukon jêjampêlan | rareyalan dèn tambêli | botên mawi katêdhakna | dhatêng tiyang alit-alit ||
18. kajawia lamun nuju | kasupean kadhangkawis | ingkang [ing...]
--- [f. 13r] ---
[...kang] wau botên pisan | yèn mawia narambêli | sabên wontên papundhutan | nagari ingkang mardèni ||
19. lawan malih kang winuwus | yèn wontên tundhan Kumpêni | ingkang mawi bêkta barang | anêdha tiyang kapilih | mangilèn dhatêng ing Rêmbang | mangetan dhatêng ing Tubin ||
20. kang sarta mawi mêragu[20] | ambêkta waos lan bêdhil | rumêksa anèng ing marga | wau mêragu kapilih | sami kabayar sadaya | ingkang wau botên mawi ||
--- [f. 13v] ---
[...]
--- [f. 14r] ---
[...]
--- [f. 14v][21] ---
1. Asmaradana
1. purwaning sastra kinardi | ing dintên Jumuwah siyang | Rabiulakir sasine | nuju tanggal ping sawêlas | taun Alip punika | sèwu pitung atus langkung | nênggih tigang dasa sanga |[22]|
2. tatkalanira tinulis | wontên nagri Kamal ika | kalangkung suka lêgane | anglampahi ingkang karsa | Mangkènsi Kangjêng Tuwan | punika ingkang anurun | Dipati Yudanagara ||
--- [f. 15r] ---
3. sêrat kang tinêdhak iki | kang yasa Kangjêng Ratu Mas | Bêlitar nênggih namane | kang garwa kangjêng susunan | sinêmbah wong Mêtaram | Pakubuwana rumuhun | kang sinare Pajimatan ||
4. Kangjêng Ratu Mas anênggih | ing mangke sampun mardika | anêtêpi ing sabare | wus madhêp marang Pangeran | lumaku sabilollah | puji dongane tan surud | kang sinêmbah wong
--- [f. 15v] ---
Mataram ||
5. ingkang pinurwa ing kawi | wartane Pandhita Jawa | tumêdhak malah ing mangke | tumrap ing dêlancang Cina | rinumpakèng kang wusan | kaikêt sinungan pupuh | atêmbang asmaradana ||
6. têdhak-tumêdhak ing mangke |[23] kang amêngku nusa Jawa | nora pêgat saturune | purwanipun Nabi Adam | yayahing wong sajagat | yayahing roh Nabi Rasul | nurbuwat kang dhatêng Jawa ||
7. Nabi Adam putra Êsis | Nabi Sis putra Nurcahya | Nurcahya ika putrane | ajêjuluk Nurrasa |[24] Nurrasa apêputra | Sang Yyang Wênang wus asunu | ingaranan Sang Yyang Tunggal ||
8. Sang Yyang Tunggal putranèki | Sa[25] Yyang Guru apêputra | lêlima nênggih putrane | Sang Yyang Sambo kang atuwa | pênggulu Sang Yyang Brama | panêngah Mahadewa ku | Sang Wisnu ingkang taruna ||
9. wuragile Ni Dèwi Êsri |[26] Sang Wisnu jumênêng nata | anèng Mêdhang nagarane | sêmana atêtimbangan | jênênge anèng Mêdhang | Maharaja Watugunung | Gilingwêsi nagaranya ||
10. jênênge nata linuwih | tur asêkti mahabara | ing jagat pilih tandhinge | pan ratu akala murka | abala sami nata | satus tigang dasa ratu | punika sami prakosa ||
11. kang tigang dasa kapilih | kang tunggal saekapraya | ing Jawa pilih tandhinge | mapan wus atêtimbangan | lan ing Mêdhangkamulan | jênênge Bathara Wisnu | ênêngna ing sakala |[27]|
12. warnanên Sang Yyang Pramèsthi | pan adarbe sasêngkêran | wanodya indah warnane | tumêdhak ing marcapada | aning[28] Mêdhangkamolan | wanodya ayu pinunjul | awasta Ni Putri Mêdhang ||
13. kawênangan dhatêng bèji | duk maksih rumaja putra [pu...]
--- [f. 16r] ---
[...tra] | Yang Guru wikan warnane | inganti yèn adiwasa | Yyang Guru darbe karsa | lami diwasa sang ayu | Bêthara Wisnu uninga ||
14. ing warnane sang aputri | Sang Wisnu adarbe karsa | tan wruh yèn sasêngkêrane | kang rama Yyang Girinata | ya ta ginawe garwa | sakêlangkung ing sihipun | sêdhêng eca pêpasihan ||
15. kala ing dina kang bêcik | tansah marêk ing kasyargan | ing mangke pira lamine | datan kêna siniwaka | langkung dening pasihan | pan anunggu siyang dalu | malah supe ing saseban ||
16. awêtara[29] pirang sasi | Sang Wisnu dènnya akrama | saya kasusra wartane | para dewata miyarsa | yèn Sang Wisnu akrama | putra sangking Mêdhangagung | ingkang wasta Putri Mêdhang ||
17. kawarta yèn ayu luwih | Sang Yyang Guru duk miyarsa | yèn dèn alap sêngkêrane | langkung cuwaing wardaya | duka sajroning nala | dhatêng putranira Wisnu | Sang Narada tinimbalan ||
18. angandika Yang Pramèsthi | kakang Narada miyanga | mring Mêdhangkamulan age | Si Wisnu lah timbalana | maria dadi nata | anaa Waringinpitu | iya awake sapata ||
19. lorodên sadina iki | Sang Narada nulya mangkat | tumurun aglis lampahe | prapta ing Mêdhangkamulan | Sang Yang Wisnu kapêdhak | sumandhing ing garwanipun | Sang Narada lon wuwusnya ||
20. lah Ki Wisnu ingsun iki | ingutus ing ramanira | dhawuhakên andikane | mêngko sira minarenan | jênêngira ing Mêdhang | lungguha Waringinpitu | atinggala somahira ||
21. Sang Wisnu karasèng ati | dene lami tan aseba [ase...]
--- [f. 16v][30] ---
[...ba] | dadya amit ing garwane | lah yayi sira kantuna | ingsun iki dinukan | tan uninga dosaningsun | kang garwa èsmu karuna ||
22. luhira drês tibèng pipi | lapak dawêg pêpasihan | tur anyidham rong pancarong | warna wênês araras |[31] matur ing lakinira | pangeran kawula tumut | tan bêtah andika tilar ||
23. Sang Yya[32] Wisnu ngandika ris | nora kêna yèn mèlua | lah têka karia arger[33] | sarwi garwane dèn aras | Nêrada cêngêng mulat | yèn angucapa ing kalbu | iki kang gawe wisuna ||
24. cinandhak baune kèri | lah ta aja kêlayatan | kang garwa asru tangise | Bêtha[34] Wisnu wus mangkat |[35] nanging awak sêpata | wus prapta Waringinpitu | Nrêrada aris wuwusnya ||
25. lah sira ingsun poyani | mulane sira dinukan | marga rabinira anggèr | pan iku kang sasêngkêran | mêngko ta sira alap | bêndu ing sira kêlangkung | wus bapa sira karia ||
26. poma bapa dèn pakeling | Sang Wisnu sampun tinilar | langkung amêsu ragane | asidhakêp suku tunggal | datan amunasika | kang kadulu tan dinulu | Sang Nêrada wus ngêmbara ||
27. prapta ngarsa Sang Pramèsthi | katuju ing aturira | kawula andika kèkèn[36] | pun Wisnu sampun kalakyan | kapencut lungguhira | kadèkèn Waringinpitu | durmane kang kari wuntat ||
--- [f. 17r] ---
2. Durma
1. ênêngna mangke Sang Yyang Girinata |[37] kocapa Gilingwêsi | Sang Raja Parwata | kala măngsa sêmona | katiban wawêlêk prapti | lindhu prahara | surya kêlawan sasi ||
2. duk sêmana Sang Raja Selaprawata | sare pangkonirèki | sarwi pinetanan | dhatêng Ni Dèwi Sinta | sang nata eca aguling | ya ta katingal | buthake sirahnèki ||
3. Dèwi Sinta mênêng duk kêrasa ing nala |[38] kemutan duk ing nguni | yèn adarbe putra | kesahe kala bocah | dadya sang dèwi tanya ris | lah kakang nata | kawula takèn jati ||
4. lah punapa darma buthak kang mastaka | sang nata anauri | kala maksih bocah | rêregoni[39] si biyang | natkalane lagi angi | pan kabarêngan | êndhas ingsun dèn gitik ||
5. dadya merang ingsun maring sanak ingwang | lunga saparan mami | dadye[40] Dèwi Sinta | kêrasa manahira | tuhu putrane wuragil | dadi lakinya | sangêt nêlăngsa ngati ||
6. tinudugakên[41] gènira dadi garwa | kêrasa putranèki | jinabari putra | sampun anunggal rasa | katêlah basane jalmi | anak lakinya | myang ta saanak rabi ||
7. dadya kewuhan manahe Dèwi Sinta | kalingane puniki | dhingin putraningwang | tigang dasa lan ingwang | mêngko ngalumpuk ing ngriki | nanging tan wikan | yèn salur sabibi |[42]|
--- [f. 17v] ---
8. sun wêtara sapa kang wani mungsuha | sapa madhani aji | yèn ora kalah prang | ingsun aminta garwa | mênawa dewata syarga di |[43] dadya bêbana | mêmaru widadari ||
9. pangucape Ni Sinta dhatêng kang raka | durung jumênêng aji | kang luwih ngakathah | yèn durung kêlakona | sun amaru widadari | ing syarga loka | iku lêga kang ati ||
10. ya ta mangke Sang Raja Selaprawata | amêpêk bala mantri | miwah kang sêntana | walu likur prawira | kang sarêng sabaya pati | ing karsanira | minggah ing syarga di |[44]|
11. wus ingutusan minggah marang ing kasyargan |[45] anglamar widadari | kang ana ing syarga | yèn nora wèh linamar | tan wande ingsun unggahi | tur sun siasat | juwata sun kabiri ||
12. ênêngêna Sang Nata Selaprawata | kocapa ing syarga di | pan kênèng plahara | sarta ingkang ampuhan | sakathahe widari[46] |[47] pan gagegeran[48] | jroning Gambirawati ||
13. para juwata kabèh pan aru-ara | kaya katêkan pati | samya apocapan | bayèki ana apa | syarga katêkan bêlai | lami-laminya | tan ana kadi mangkin ||
14. Sang Narada munjuk mring Jinggringsalaka | matur mring Yyang Pramèsthi | kadipundi karsa | rusake kadewatan | dening kang wawênglêk[49] prapti | lindhu plahara | jagad buwana gunjing ||
15. salamine ing syarga tan mêngkana |[50] para dewa titrim[51] |[52] tan wruh ing pinăngka | ingkang duwe prabawa | dede [de...]
--- [f. 18r] ---
[...de] jalma lit-alit |[53] duwe prabawa | tuhu ratu sinêkti ||
16. mapan mangke Si Watugunung putusan | anglamar widadari | tan amilih sira | saisine sawarga | sarupine widadari | yèn nora suka | syarga dèn osak-asik ||
17. lamun suka lah dèn turuna inggal |[54] sakèhe widadari | kadipundi karsa | sakèhe para juwata |[55] ingadu pêrang awêdi | mungsuh manungsa | dèn pelaur angili ||
18. pan sakathahe kasêktèning dewa |[56] norana dèn kajrihi | miwah guntur wedang | lawan guntur dahana | tan ana kang miyatani | tan wande rusak | dening pun Selaardi ||
19. angandika mangke Sang Girinata |[57] ngulatana srayèki | kang padha manungsa | yèn ana sumanggupa | ganjarane widadari | lan lungguha |[58] ana ing Gilingwêsi ||
20. Sang Nêrada aturira mêlasarsa | tan ana yugya malih | mung putra paduka | kang layak nandhingana | Ki Wisnu kang animbangi | liyan punika | tan ana kang nandhingi ||
21. nanging sarate dosane ngapuraa | mantuka Mêdhang malih | yèn tan mêngkanaa | tan sagêd minta sraya | angandika Yyang Pramèsthi | lah timbalana | kakang mring ngarsa mami ||
22. sun apura Si Wesnu yèn angsal karya | mêngkua Mêdhang malih | amit Sang Nêrada | marang Waringinsêpta | Bêtha Wisnu kapanggih |[59] Sa Yyang Narada | pangucape mlasasih ||
23. lah Ki Wisnu pakanira tinimbalan | dening Yyang Pramèsthi |[60] kinèn mapagêna | marang Selaprawata | nêgarane Gilingwêsi |
--- [f. 18v] ---
iku sêdyanya | kasyargan dèn unggahi ||
24. aturira Bêthara Wisnu sandika | sampun kinon ajurit | sadaya dyan kinona |[61] anglêbêti pawaka | sadaya dyan tumêka pati |[62] dhatêng lumampah | tan ngrasa darbe urip ||
25. pan kawula uwa alimi sakêdhap | awartèng anak rabi | kagyat Sang Nêrada | mundur sareka bapa | mèh lilih duka ramèki | kudu panggiha | lan garwanira malih ||
26. para puniku marganira duk kadukan |[63] Sang Wisnu anauri | yèn tan kêna pêdhak | ngandikan sun lênggana | kadar wong urip puniki | nglampahi karya | wruha ing anak rabi ||
27. Sang Narada kèmêngan ing manahira | dèn rasa bênêr iki | kaki yèn mêngkana | lah tinjonên sakêdhap | aja suwe sun antèni | nulya lumampah | lir piksi[64] anon gêndhis ||
3. Dhandhanggula
1. ênêngna kang lagyarsa mulih |[65] kawarnaa kang kantun ing Mêdhang | wus pirang warsa lamine | duk tinilar ing kakung | duk anyidham tinilar nênggih | mangke aputra lanang | warnane abagus | wawêkase ingkang rama | lamun lanang ranana Radèn Srigati | garwa anut ing wêkas ||
2. mangkana wau Radèn Srigati | sabên dina kang ibu pinular | atakèn dhatêng ramane | sêdyane kudu nusul | ingkang ibu aris nauri | dhuh gusti yya karuna | ing mêngko mèh rawuh | mapan ta dudu manungsa | ramakira tuhu
--- [f. 19r] ---
yèn dewa linuwih | mêngko lagi dinukan ||
3. sun tênunge muga glisa prapti | nulya ngobong mênyan saklapa |[66] nulya prapta tan asuwe | Sang Abêthara Wisnu | sapraptane lagya ningali | dhumatêng garwanira | alungguh lan kakung | tan nyana yèn kang putra |[67] dadya angling ing garwa asêmu runtik | nora kayaa sira ||
4. lagi pira sun tilar yayi |[68] tandangira yayi ngambil mitra | wong anom bagus rupane | mêksih anom satuhu | nora bisa amêgat rêmi[69] | pan sih ingsun kalintang | kang garwa amuwus | dika kang tambêtan |[70] duk tinilar kawula nyidhangm[71] kariyin | malah dika wawêkas ||
5. yèn lanang ranana Srigati |[72] punika warnine putra dika | Sang Wisnu lêjar manahe | kalingane nak ingsun | Dyan Srigati anya aris |[73] sintên rewang andika | kang ibu amuwus | sinojaran ingkang putra | iya iku gusti ramanira prapti | Radèn Srigati nyipta ||
6. aprajangji Rahadèn Srigati | lamun tuhu anake si bapa | katingala rupane |[74] tan antara kadulu | tau[75] bagus lamun kaeksi | lir wulan kang purnama | wêdana sumunu | saliranira dumilah | sira Radèn Srigati sigra ngabêkti | langkung rêsêping manah ||
7. Sang Bathara Wisnu ngandika ris | wruhanira yayi putranira | dadi prajurit ing têmbe | marmane ingsun mantuk | apawarta mring sira yayi | pan ingsun ingandikan | marang Sang Yang Guru [Gu...]
--- [f. 19v] ---
[...ru] | anênggih ing kadewatan | ingunggahan mring prabu ing Gilingwêsi | Mraja Selaprawata ||
8. anakira yayi dipun bêcik | pangrêksanira mênawa lunga | ingsun pirapara[76] anggèr | yèn katêkana wangsul | amêngewuh ing wong ajurit | pan sêktine kalintang | Mraja Watugunung | bala sanak tigang dasa | ingkang satus sarupane bala mantri | iku padha digjaya ||
9. Radèn Srigati umatur aris | kawula rama karsa tumuta | sadya uninga ing gawe | ngandika Sang Yang Wisnu | anak isun Radyan Srigati | durung ungsum milua | ngantia ing besuk | anunggua biyangira | ingsun tilar dèn abêcik sira kari | Radèn Srigati amêksa |[77]|
10. ibunira asru amêmalangi |[78] sira mèlu sapa rewangira | kang putra sru pamêksane | sigra Batha[79] Wisnu |[80] sampun tutug gènya mamêling | ingkang garwa ingaras | poma wêkas ingsun | anakira dèn karêksa | sarêng katunggul[81] putra Radèn Srigati | kang rama nulya mêsat ||
11. Radèn Srigati kagyat tan sipi | dening tinilar marang kang rama | alinggih sandhing ibune | dadya graita kalbu | yèn anglinga Radèn Srigati | tuhu rama tan arsa | anggawa maringsun | nulya matur ing bunira | yèn mangkatên ibu kawula prajangji | mênawa tinêkanan ||
12. yèn nyata kawula puniki |[82] têmên-têmên anake si rama | aja kari saparane | kantuna dika ibu | dèn apênêd [apênê...]
--- [f. 20r] ---
[...d] andika kari | kula nusul pun rama | mênawa kasusul | rahadyan mumbul ngawiyat | ingkang ibu alara dènira nangis | sakesahe kang putra ||
13. ênêngêna kang lara anangis | kawarnaa kang mumbul ing wiyat | sakêdhap netra praptane | aning Waringinpitu | ingkang putra Radèn Srigati | sarêng sapraptanira | alungguh ing pungkur | Sang Yang Nêrada angucap | kamayangan adangu manira nganti | injing wêkasan awan ||
14. Sang Yang Nêrada ika ningali | Bathara Wisnu ing wurinira | ana rare bagus warnane |[83] Sang Nêrada amuwus | kaki Wisnu sapa kang linggih | ing wuri pakênira | Yyang Wisnu andulu | warnane yèn kang putra |[84] sigra matur punika nênggih Srigati | patutan saking Mêdhang ||
15. Sang Nrêrada wuwusira bêngis | mundur gawe wuwuhing dêduka | wong alingan ing padhange | Bathara Wisnu matur | tan asadya ămba puniki | kawula tan nyana |[85] punika yèn tumut | kalangkung gèn kula ngampah | jangkêp ping tiga èstu yèn botên kenging | sumăngga ingkang karsa ||
16. Sang Nrêrada sigra anauri | dadi paran yèn sira katura | yèn duwe anak mêngkene | dhasare Sang Yyang Guru | durung lilih mring sira kaki | prakara putri Mêdhang | dadi galihipun | mêngko sira wus patutan | malah mêngko atmajanira tut wuri | yèn kêna kaki aja ||
17. lagi sinarwe-sinarwe sira puniki |[86] mring ngayunan têka gawa anak | dadi [da...]
--- [f. 20v] ---
[...di] muwuhi dukane | lah karia mas putu | kawlasana ramanirèki | nadyan sira milua | mas putu ing besuk | risêdhêng lilih kang duka | Radèn Srigati mênêng tanpa nauri | sêmunira tan arsa ||
18. kêdah tumuta sapati urip | Sang Nêrada aris wuwusira | Kaki Wisnu kaya priye | yèn iki kêdah tumut | nora wurung manggih bêlai | Sang Yyang Wisnu aturnya | kawula kalangkung | saking pangampah kawula | Sang Nrêrada èsmu kewrani[87] galih |[88] lah ta mayo tinilar ||
19. karsane kari kene pribadi | ujar iku mapan dudu dewa | dudu kaya ingsun mene | măngsa bisaa nusul | nulya mêsat marang wiyati | prapta ing Majagantang | Nêrada lan Wisnu | prapta Dhut Sa[89] Blêgêdaba | Lawang Selamatangkêp Wot Ogal-agil | kandhêg ing lampahira ||
20. Yang Nêrada sigra ngucap aris | Kaki Wisnu putra pakanira | sênajan bisaa mrene | tan kuwasa malêbu | pilih kang wong uninga ngriki | najan para juwata | kang liyan saking sun | tan kêna têka manjinga | mapan angèl marga Wot Si Ogal-agil | Êndhut Si Blêgêdaba ||
21. pan asuwe norana prapti |[90] payo laju Wisnu lampah kita | tumulya umangkat age | prapta ing syarga luhur | ing ngarsane Sang Yya Pramèsthi | ya ta apirêmbagan | lan dewa tatêlu | sampune kadya punika | kang kocapa nênggih Rahadyan Srigati | aning Waringinsêpta ||
22. sira Radèn [Radè...]
--- [f. 21r] ---
[...n] Srigari prajangji | ingsun iki yèn tuhu putranya | ênggone yogya dhewe |[91] têka bisa anusul | saparane pan aja kari | nadyan sukua dhadha | atêkêna janggut | aja kari mring si bapa | nulya dêdêl pratiwi anggayuh langit | sakêdhap praptèng wiyat ||
23. prapta ing lawang Radèn Srigati | Selamatangkêb Dhut Blêgêdaba | Wot Si Ogal-agile |[92] Radèn Srigati muwus | ing dheweke anukma ngati | yèn tuhu awak ingwang | mring sudarmaningsun | têka sun dèn liwatêna | têka kene yèn ingsun tan sinung idi | dumadakan lêbura ||
24. risampune dènira prajangji | Radèn Srigati lir pindah kilat | sakêdhap wus prapta ge |[93] ing ngayunanipun |[94] duknya linggih ing wurinerèki |[95] kang rama tan uninga | yèn kang putra nusul | kagyat Sang Yyang Girinata | aningali ing sira Radèn Srigati | Guru aris ngêndika ||
25. sapa rane kang ana ing wuri | nulya umatur Sang Yya Nêrada | inggih punika anake | yugyanira Ki Wisnu | patutane sangking ni putri | saking Mêdhangkamulan | nênggih Sang Yyang Guru | megos linggihe sakala | saking kathil kalangkung dening runtik |[96] ningali Wisnu ika ||
26. Sang Nêrada uninga yèn runtik | nulya tinuding Sang Yyang Narada | Sang Yyang Pramèsthi wuwuse | kang Nêrada Si Wisnu | dhawuhana lunga dèn aglis | maringa marcapada | mapag Watugunung | sadina mêngko mangkata | anadene anake karia ngriki |
--- [f. 21v] ---
sun pundhut yya digawa ||
27. sun gawe tawur ing suwarga benjing |[97] nulya tumanduk Sang Yang Nêrada | dhawuhakên timbalane | apa ta lah Ki Wisnu | nora linyok gon ingsun angling | pan rama pakênira | dukane kêlangkung | timbalane marang sira | kita mêngko umangkata dipun aglis | marang ing marcapada ||
28. amapaga Mraja Selaardi | kunarpane poma dèn gawaa | iku kaki timbalane | lan anakira iku | Ki Srigati pinundhut mangkin | karsane rama para | pan ginawe tawur | Sang Yang Wisnu aturira | Yyang Nêrada matura Sa Yang Pramèsthi | ing pada kang wawênang ||
29. upami ulun ingabên jurit | mapan dhatêng pun Selaprawata | sanggup mapag ing yudane | nanging manira suwun | maring pada ingkang siniwi | tan liyan anak garwa | kang ingamu-amu | yèn manira mênang aprang | manjing syarga anak garwa rewang mukti | yèn kalah jaga tapan ||
30. lamun èstu pinundhut Srigati | pasthi kawula mangke lênggana | tan purun mapag yudane | lumrah ingkang tumuwuh | anglampahi karyane gusti | ingone anak garwa | yèn amanggih ayu | kawula nglampahi karya | pun Srigati kinarya tawur syarga di | pasthi ulun tan suka ||
31. lan malihe yèn ulun mênang jurit |[98] bapa ingkang pinakaryakêna | pasthi anak rabine |[99] nênggih pun Watugunung | kasêktène pan angêntèni | mung sênjata wancana | kinarya pangayun | yèn dede lan anak kawula |[100] datan wontên mungsuhe wong Gilingwêsi [Giling...]
--- [f. 22r] ---
[...wêsi] | milane ulun têdha ||
32. Yang Nrêrada anulya bali |[101] amangsulakên ingkang timbalan | sampun prapta ing ngarsane | aturira mlasayun | inggih sampun ulun dhawahi | ature ingkang putra | inggih botên purun | amungsuh Selaprawata | nanging anakipun kang aran Srigati | dadya panuwunira ||
33. èmêng galihe Sang Yya Pramèsthi | kasaru mirsa syarane surak | kêndhang gong umyang syarane | ngandika Sang Yyang Guru | kadar ika syara punapi | umatur Yang Nêrada | gih pun Watugunung | arsa munggah maring syarga | pan ing mangke mèh prapta jawining langit | gègère kadewatan ||
34. Sang Yyang Guru pan mêthotholi |[102] aplok-plokan ing bêbokongira | sarira gumêtêr kabèh | Nêrada aturipun | nora wurung kêna bilai | nanging atur kawula | putranta Ki Wisnu | angapura sadosanya | pun Srigati lênghêng[103] ingabêna jurit | nglawan Selaprawata ||
35. nadyan dukaa sampun ing mangkin | anglêrêsi syarga karusakan | Yang Guru pangandikane | yèn mêngkono Si Wisnu | sun apura sadosanèki | têkan anak rabinya | sun apura iku | Watugunung dèn papaga | yèn wus mati kunarpane dèn kacangking | sun lêbokkên ing kawah ||
36. Yang Nêrada sampun andhawahi | mring Sang Wisnu lamun ingapura | katêkan anak rabine | Bêthara Wisnu mudhun | karsa mapag Sang Selaardi | kapanggih jaba wiyat |
--- [f. 22v] ---
saprasanakipun | tigang dasa kirang satunggal |[104] sapraptane Bathara Wisnu tan kaksi | dening sakyèh kang wadya ||
37. anguwuh asru mring Selaardi | hèh ta Sang Raja Selaprawata | baya pa tinêmu têmbe | kudu wani Yang Guru | pan agawe susahe galih | lah payo arêp apa | sira lawan ingsun | Mraja Watugunung mujar | sapa sira ngucap datan kaeksi |[105] mara sira ngatona ||
38. mêngko sira ingsun prajangjèni | yèn tuhu dewa sira ngatona | yèn si dudu dhewene[106] |[107] aja sira kadulu | tan asuwe nulya kaèksi | cahyanira gumêbyar | lir wulan mawêlu | risêdhêng lagi purnama | Watugunung ngucap wus lêga kang ati | dening sira katingal ||
39. krasa kagêm ing asta kalih |[108] amung sira prajurite dewa | ingsun eman sayaktine | rupanira abagus | eman sira mênawa mati | rabinira kelangan | eman laki pungkur | angur sira lumayua | nora kêlar mêko[109] sira anadhahi | ingsun gagah prakosa ||
40. Bêthara Wisnu alon nauri | iya bênêr sapangucapira | ratu dibya sêntanane | nanging pangrasanisun | durung ulap manira ningali |[110] nadyan rupa salêksa | kang kaya sirèku | tan ajrih ingsun ing sira | ya ta ngucap sang nata ing Gilingwêsi | sarwi gumuyu suka ||
41. nora arsa ingsun aprang tandhing | dening ingsun amungsuh ing dewa | sun ajak bêbantah bae | nanging prajangjiningsun | lamun sira kalah sayakti [saya...]
--- [f. 23r] ---
[...kti] | syarga duwèk ingwang |[111] myang saisinipun | dewa dadi sikêp pêdhang | widadari sadaya isun karabi | yèn ingsun kalah bantah ||
42. awak ingsun kalah mring sirèki | nora malang tumêkaa ing pêjah |[112] nora nganggo yuda manèh | angling Bathara Wisnu | nadyan bantah ingsun tadhahi | lah payo wêtokêna | bantahirèku |[113] Sang Mraja Selaprawata | nulya ngucap adhakah awoh dhikih |[114] dhikih wohe dhakah |[115]|
43. lah badhenên iku bantah mami | yèn kabadhe ingsun tohi pêjah | ya mung iku gêgatène | ya ta Bathara Wisnu | ya ta èmêng sajroning ati | dadya angling sêmaya | lah iya ing besuk | sun matur Yang Girinata | yèn mêngkono jangjinira kang sayakti | nadyan ingsun badhea ||
44. yèn wus entuk wawênang Yang Pramèsthi |[116] Mraja Watugunung wuwusira | lah iya apa karêpe | sun anti pitung dalu | praptanira ing ngarsa mami | sarta asraha syarga | yèn tan badhe iku | yèn kajawab ingsun asrah | sigra mêsat Sang Wisnu datan kaèksi | mumbul marang awiyat ||
45. tan antara prapta ing jro langit | Radèn Srigati pan atut wuntat | tan pisah lawan ramane | angling Bêthara Wisnu | anak ingsun Kaki Srigati | angulatana daya | paran bantahipun | mau bantahe sang nata | matur nêmbah mring kang rama [ra...]
--- [f. 23v] ---
[...ma] Dyan Srigati | pintên banggi angsala ||
46. antèkêna ulun tigang latri | mênawi kenging kawula dhustha | sang nata pangandikane | angling Bêthara Wisnu | karsanira dèn olèh kardi | sambungên murdaningwang | ulun anak ingsun | Radèn Srigati wus mêsat | tanpa rowang andhustha mring Gilingwêsi | lampahe kadya kilat ||
47. kang kocapa Rahadèn Srigati | manjing pura sang nata katingal | sarean lawan garwane | wayah ing têngah dalu | dèrèng nendra sauran angling | kalawan Dèwi Sinta | Sringgati[117] malêbu | sampun arupa kêlabang | aning longan awor kayu dèn uyuni | sawuwuse kapirsa ||
48. Dèwi Sinta kang raka dèn tangi | kakang prabu kula yun uninga | ingkang dibantahake |[118] dening tan ana wêruh | myang jawata sadaya ajrih | punapa ing têgêsnya | kang adhakah iku | Mraja Prawata anêbda | aja yayi akèh kang sira raosi | yayi iku larangan ||
49. Dèwi Sinta amêksa dènnya ngling | nora nana wong ingkang miyarsa | mu[119] kula lan dhèwèke |[120] lingira Watugunung | alah iya aja baribin | adhikih wohe dhakah | yayi iku waluh | utawi yayi sêmăngka | kang adhakah yayi awoh dhikih |[121] waringin têgêsira ||
50. Dèwi Sinta mangkya tanya malih | mring kang raka dening luput pêjah | kakang punapa sawabe | lêgane manah ingsun |
--- [f. 24r] ---
ecanipun kawula kawruhi |[122] sang nata aris ngucap | mênawa na ngrungu | pêsthi ingsun kajodheran | garwa angling angandika pan udani | puniki sirêp jilma ||
51. wruhanira yayi isun iki | luput pati sakèhe braja |[123] bumi toya myang gênine | datan matèni mringsun | nanging siji ingkang matèni | nora pilih manungsa | yèn wruh ajalipun | pan ingsun luput ing pêjah | iyèn sinêmpal pinêdhati |[124] iku antakaningwang ||
52. ya ta mrisa[125] Radèn Srigati |[126] sawuwuse Mraja Selaarga | nulya ge ing mêtune |[127] Srigati nulya muluk | asêsumbar Radèn Srigati | lah kalêbon sang nata | sandi upayèku | Mahraja Selaprawata | dadya sira anutuh maring kang rayi | lah ingsun ungkurêna ||
4. Pangkur
1. ênêngna Sang Selarga |[128] kawarnaa Bathara Wisnu prapti | ing ngarsanira Yang Guru | Sang Narada aturnya | pun Wisnu dhatêng angandika Nyang[129] Guru | kakang Narada takona | apa baya angsal kardi ||
2. Sang Yyang Narada atanya | paran baya kaki Wisnu glis prapti | mênawa yèn duwe atur | Sang Wisnu aturira | ulun niki satuhune yèn kaburu | tan kawon ayuda gada | kalawan Sang Selaardi ||
3. kawon ing pêrang wêcana | anganlakên[130] sang nata bantahnèki | sakathahe dewa sêpuh | sadaya tanna jawab | nanging kantun sang panira sri ulun |[131] Yang Girinata ngandika |
--- [f. 24v] ---
apa bantahe kinardi ||
4. Sang Wisnu matur anêmbah | bantahipun adhakah awoh dhikih | adhikih wohipun agung | kawula sur kèmêngan | jangjinipun dèn wangêni pitung dalu | kinèn angulati sraya | yèn botêna badhe yakti ||
5. pasthi sawarga dèn alap | saisène dewa dadya pêkathik | yèn kabadhe bantahipun | saliranipun kasrah | pan punika kadospundi jawabipun | salami kawula gêsang | tan mirsa ujar kadyèki ||
6. ngandika Sang Girinata | nadyan ingsun kaki dèrèng udani | akale manungsa putus | angulatana sraya | maring dunya manungsa akèh kang putus | ingkang ambadhea bantah | măngsa bodhoa sirèki ||
7. pan ingsun asrah ing sira | ing sawarga sira rêbuta kaki | tan ana ing yyaganipun[132] | dewa i mung sira |[133] ingkang layak nadhahi ing sakarsanipun |[134] Si Watugunung matia | Sang Wisnu nulya apamit ||
8. sapraptanira ing jaba | tan adangu Radèn Srigati prapti | kang rama sigra andangu | lah kaki olèh karya | dening aglis Radèn Srigati umatur | Bêtha Wisnu uninga |[135] ing sêmunira kang sawi[136] ||
9. Bêthara Wisnu dyan mangkat | marang dunya kalawan putranèki | pan abêkta dewa sèwu | dhingin Bathara Brama | lan kang raka anênggih Bêthara Sambu | Mahadewa lawan Endra | Kuwera lawan Kisyari ||
10. Citragada Yyang Asmara | Bêthara
--- [f. 25r] ---
Surya lawan Sang Yang Basuki |[137] Ăntaboga lan Sang Bayu | Bêgawan Panyarikan | Sang Bêthara Kamajaya anèng pungkur | Sang Bathara Mangyan Sangkan | lawan Bathara Pratiwi ||
11. dadya pêpêk kang juwata | Yang Nêrada jajênêng anidhihi[138] | wis prapta sêmayanipun | jangkêp ing pitung dina | sêmayane dhingin Mraja Watugunung | Sang Wisnu dadya pangarsa | tan kantun Radèn Srigati ||
12. ing marga datan winarna | sampun prapta parnahe Selaardi | Bêthara Wisnu amuwus | lah payo tutugêna | bantahira pan wus kabadhe dening sun | anglir Mraja Selaarga | lah jawabên ayya gati ||
13. Bêthara Wisnu anabda | jawab ingsun adhakah awoh dhikih | iya waringin puniku | adhikih awoh adhakah |[139] pan sêmăngka utawi puniku waluh | malongo Praja[140] Pruwata | dene sami dèn badheni ||
14. Bêthara Wisnu anêbda | dèn prayitna Mraja Selaardi |[141] mêngko prapta ing jangjimu | datan gingsir sêmaya | tan antara mangke Mraja Watugunung | binêkta mring ara-ara | wus sinêmpal pinidhati[142] ||
15. pun Watugunung wus pêjah | Sang Yang Wisnu myang dewa padha mulih | mumbul mring awiyat gupuh | sarwi bêkta kunarpa | tan antara Sang Wisnu tumulya rawuh | ing ngarsane Girinata | matur sarwi atur bêkti ||
16. sêmona dadi tontonan | kunarpane Sang Raja Selaardi | ênêngna kang kawuwus |[143] kocapa Dèwi Sinta | sapêjahe kang raka tansah amuwun | tan pêgat dalu lan
--- [f. 25v] ---
siyang | tumulya prahara prapti ||
17. mapan sarta udan sela | wau sagênuk-gênuk nênggih kang prapti |[144] sawarga ika mèh rubuh | kang dewa kasusahan | rêbut paran syarane dewa gumuruh | samya ngungsi para dewa | tanbuh sangkane ing pati ||
18. sêdaya kaleban toya | widadari lir bèbèk padha nglangi | juwata pating pêlangkruk | aning luhur kasurgan | Sang Yang Guru gumêtêr dènira muwus | kakang Nêrada lah apa | kang mawa mêngkene iki ||
19. Si Watugunung wus pêjah | Yang Nêrada matur ing Yang Pramèsthi | rabinipun Watugunung | kang aran Dèwi Sinta | sapêjahe kang priya tansah amuwun | marmane dadi sêngara | pun Sinta tansah anangis ||
20. yèn mêngkono lah mudhuna | timbalana Ni Sinta yya anangis | yèn atakèn lakinipun | warahên maksih gêsang | anèng syarga sun linggihakên ing luhur | Yang Nêrada nulya mêsat | dhumatêng ing Gilingwêsi ||
21. prapta ngarsane Ni Sinta | duk sêmana maksih lara anangis | Sang Yang Nêrada amuwus | Ni Sinta lah mênênga | tampanana timbalane yayi Guru | apa kang dadi tangisira |[145] pan lakinira wus urip ||
22. Ni Sinta mênêng tangisnya | nulya ngucap sapa sintên kang angling | Yyang Nêrada nulya muwus | pan ingsun iki dewa | nora nana Nêrada loro tatêlu | ingutus Yang Girinata | andangu mring sira iki ||
23. marmane sangêt karuna | dene sira gawe rêngkane syargi | apa ingkang sira jaluk | Ni Sinta aturira | mulanipun ki dewa
--- [f. 26r] ---
manira muwun | patine laki kawula | manawi tan manggih urip ||
24. Sang Nêrada saurira | wruhanira lakinira wus urip | mênênga dènira muwun | Sang Nêrada wus mêsat | pan ing syarga wus sirêp jêlajatipun | Ni Sinta angarsa-arsa | wuwuse dewa ing nguni ||
25. dèn anti jangkêp sapasar | pitung dina datan ana warta malih |[146] Ni Sinta angling ing kalbu | ingsun ngrungu wirayat | wong kang mugah[147] ing syarga rabi tan kantun | yèn lakiningsun uripa | kaya na wartane malih ||
26. panêrkane manah ingwang | angarenah ki dewa sun arani | dèn prih mênêng tangis ingsun | nulya anyiptèng nala | pasthi linyok tumulya anangis asru | siyang dalu tansah mular | sawarga prahara malih ||
27. kayangan kaya rubuha | Sang Nêrada aglis dipun timbali | kakang Nêrada prihipun | dede[148] wawênglêk prapta | nora suda munduran alah karuwun | Sang Nêrada aturira | Ni Sinta amunthah malih ||
28. dèn arani angarenah | pangandikanira nora sayakti | yèn suwawi Sang Yang Guru | ing karsa jêngandika | bok inggiha sinung urip Watugunung | supados prahara ilang | dêrapon maria nangis ||
29. sampun kocap dewa cidra | dadi awon sêbute manungsèki | angandika Sang Yang Guru | kakang lamun mêngkana | uripêna kunarpane Watugunung | Sang Yang Nêrada umêsat | Watugunung dèn timbali ||
30. lah Watugunung uripa | iku timbalane Sang Ya[149] Pramèsthi [Pra...]
--- [f. 26v] ---
[...mèsthi] | mulyaa kadi rumuhun | muliha marcapada | Watugunung aris dènira umatur | kula puniki lênggana | wangsula mring dunya malih ||
31. mapan kawula punika | anglampahi ing pasthinipun ing jangji |[150] tumêka salira lêbur | kawula manggih bêja | manggih urip kang langgêng anèng suwarga gung |[151] têka ing dina wêkasan | kanikmataning aurip ||
32. kawula mirsa wirayat | kang rumiyin tiyang minggah ing suwarga di |[152] katut anak rabinipun | lah andika matura | pan lênggana mantuka marang dunyèku | minggah ing syarga lênggana | ngamungna ulun pribadi ||
33. kawula têdha minggaha | anak rabi mya[153] sanak tigang dasi | sampun pisah lawan ulun | sarênga minggah syarga | nulya matur Nêrada mring Sang Yang Guru | sampun dhawuh kang timbalan | aturipun Selaardi ||
34. lênggana wangsul mring dunya | nadyan syarga lêgana[154] yèn pribadi | anak rabine dèn suwun | lan sanake sadaya | panêdhane sarênga minggah sadarum | Sang Yang Pramesthi ngandika | wong kumèdhêp sun arani ||
35. Sang Nêrada aturira | pangraos kawula pun Selaardi | èstu agêng manahipun | tan karsa kasorana | aning syarga sanake pinrih akumpul | adêdah misih abăngga | dewa sapa ingkang wani ||
36. kèwêdan Yang Girinata | amaharsa Nêrada aturnèki | angandika Sang Yang Guru | aja akèh rinangsan[155] | têka turutana sapanuwunipun | anak rabine [rabi...]
--- [f. 27r] ---
[...ne] mugaha | lan sanake aja kari ||
37. munggaha têka sanugal[156] | sabên Dite Paing ika amiwiti |[157] Dèwi Sinta kang rumuhun | puniku nyata biyang | nulya Ni Landêp Wukir Kurantil iku | kang duwe Gara Kasihnya | Talu[158] Gumbrêg Waligalit[159] ||
38. Warigagung Julungwangya | pan puniku darbèni Gara Kasih | Sungsang lan Lalunganipun | Kuningan Langkir tapa | Măndhasiya Gara Kasih aning ngriku | Julungpujud lawan Pahang | Kuruwêlut lan Marakèh |[160]|
39. Tambir Anggara Kasihnya | Mêndhangkungan Matal[161] Wuye Mênahil | Prangbakat Anggara lulut | Bala Wugu lan Wayang | Kulawu puniku lan Kuruwêlut[162] |[163] Watugunung kang wêkasan | wuragil dadi nêrpati ||
40. sinaidan para dewa | wuku siji dewa among sawiji | milanipun wontên wuku | sêmana tigang dasa | duk minggahe sasanake Watugunung | sêdaya anake Sinta | para dewa ingkang nitis ||
41. wus awor kêlawan dewa | sabawane wus anunggal syarga di | dadi pitungane laku | nênêm Gara Kasihnya | Taliwangke ingkang lêlima gungipun | arèning pêndhak Ngahad |[164] pinilih asmara kang sih ||
5. Asmaradana
1. mangkana Sang Yang Pramèsthi | jumênêng ing adilira | Sang Nêrada lon ature | yèn suwawi ingkang karsa | putra madya utama | apênêd [apênê...]
--- [f. 27v] ---
[...d] kinèn awangsul | nindhihana marcapada ||
2. wus jumênêng ratu malih | pan punika angsal karya | yugya tampi ganjarane | punika kalêbêt ujar | tilaripun Prawata | pan punika kayanipun | saature pinêthukan ||
3. tinandur ing Gilingwêsi | nêdhakakên pêrayangan | lalêmbut ing Jawa kabèh | tumurun-turun tumêdhak | maring ing marcapada | sang prabu jumênêng ratu | nurunakên Ratu Jawa ||
4. sampuning alami-lami | Bêthara Brama pêputra | èstri ayu kêkasihe | Ni Bramani wus akrama | Srigati kang kagarwa | ya ta nulya putra jalu | Yang Tritrustha namanira ||
5. Yang Tritrustha aputrèki | kang awasta Parikanan | Parikanan atmajane | Bagawan Manomanasa | Manomadasa[165] pêputra |[166] Sakutrêm sampun asunu | Bagawan Sakri wastanya ||
6. Bagawan Sakri sasiwi | Yang Bêgawan Palasara | Palasara ing putrane | sira Bagawan Biyasa | Biyasa apêputra | kang aran Rahadèn Pandhu | punika têtiga sanak ||
7. Dhêstharata pambayuning | panggulu[167] Ramawidura[168] | sata Kurawa têdhake | Pandhu putra lêlima |[169] pêmbayun Yudhêsthira | Wêrkudara kang panggulu | panêngah Radèn Palguna ||
8. kêmbar ingkang pamuragil | măngsa iku ana pêrang | Bratayuda ing wastane | mapan dadi parêbatan | marga saking wanodya | Dèwi Drupadi rinêbut | malah dadi Bratayuda ||
9. panêngah Pandhawèki [Pandha...]
--- [f. 28r] ---
[...wèki] |[170] kang anêdhakakên nata | iya Rahadèn Pamade | Sang Arjuna apêputra | Bimanyu ingkang nama | pêjah ing Bratayudèku | pan atilar wêwatêngan ||
10. garwa sêdya ambelani | mèlu pêjah ingkang raka | anênggih garwa padmine | arsa abela pinênggak | dening Bathara Krêsna | nadyan abela ing besuk | yèn wis luwar kang wêtêngan ||
11. sampun jangkêp ingkang sasi | jabang bayi nulya babar | jalu abagus rupane | Parikêsit wastanira | jumênêng Angastina | Prabu Parikêsit sêsunu |[171] kang awasta Udayana ||
12. Udayana asêsiwi | kang wasta Gêndrayana |[172] Gêndrayana admajane | kang awasta Jayabaya | nêgaranipun sirna | Jayabaya asêsunu | kang aran Jayamijaya ||
13. Jayamijaya sêsiwi | kang aran Jayamisena | Jayamisena putrane | aran Kusumawicitra | Kusuma aputra |[173] Citrasoma wastanipun | Citrasoma apêputra ||
14. kang aran Păncadriyèki | Păncadriya apêputra | Anglingdriya wastane |[174] apêputra |[175] Mahraja Selacala | punika jumênêng ratu | alungguh Purwacarita ||
15. ing kono ana ajurit | marga saking ing wanodya | Dèwi Sampèni wastane | punika ingkang rinêbat | kocap èstri digjaya | Mraja Selacala sunu | Sri Mapunggung kêkasihnya ||
16. Sri Mapunggung putranèki | ingkang aran Kandhiawan | Sang Kunthara pêpatihe | pan anake Jugulmudha | Kandhiawan pêputra | lêlima atmajanipun [a...]
--- [f. 28v] ---
[...tmajanipun] | Ki Manuhu panbayunnya[176] ||
17. karêpane[177] amung tani | dadi ratu wong sêsawah | awisma aning Bagêlèn | Sandhanggarba pambayunnya[178] | rêmên wong karya dagang | ing Jêpara puranipun | dadi ratu wong sadagar ||
18. Karungkala panêngahing | arêmên asaba wana | ratu ing tuwaburune | awisma ing Parambanan | puniku Ratu Baka | sumêndhi Tunggulapêtung | andèrès karêmênira ||
19. dadi ratu wong karyèki | dening kang wuragil pisan | Rêsi Githayu wastane | arêmên saba paseban | jumênêng ing Koripan | anggêntèni dadi ratu | sadhèrèke kang sakawan ||
20. sabên-sabên ing warsèki | angaturi bulupatya | dhatêng ingkang rayi kabèh | kang jumênêng ing Koripan | Rêsi Githayu putra | lêlima atmajanipun | Rara Suci panbayunnya |[179]|
21. iya kang jumênêng Kili | kang wisma ing Wanasaba | Amiluhur panggulune | kang dadi Ratu Janggala | Lêmbumardadu ika | punika panêngahipun | kang dadi ratu ing Daha ||
22. Lêmbumangarang sumêndhi | kang dadi Ratu Gagêlang | Pargiwăngsa wuragile | kang laki ing Singasêkar | Sang Lêmbuamijaya | ya ta Lêmbuamiluhur | Sang Apanji putranira ||
23. somahe Putri Kadhiri | kang aran Căndrakirana | Sang Apanji ing putrane | kang aran Radèn Laleyan | jumênêng Pajajaran | Radèn Laleyan sêsunu | Banjaransari [Banjara...]
--- [f. 29r] ---
[...nsari] kang nama ||
24. Rahadèn Banjaransari | apêputra Mundhisêkar | Mundhisêkar ing putrane | Mundhiwangi wastanira | Mundhiwangi pêputra | wanodya ingkang asêpuh | kang ical ing pagulingan ||
25. marga ina rika krami | pan dadi ararêbatan | saking indahe warnane | pinaksa tan arsa krama | dadya kang rama duka | nulya anukma ing dalu | kang dadi Ratu Pamêkas ||
26. kang putra jalu kêkalih | ingkang sêpuh Arya Bangah | kang jumênêng ning Galuhe | kang anèm Radèn Sasêdhah | ingkang badhe gumantya | nagri Pajajaran iku | risampunira mêngkana ||
27. kala jênênge sang aji | sêmana wontên wawêlak | sakêlangkung ing sangête | gêring esuk sore pêjah | sajroning Pajajaran | wawênglêk agêng klangkung |[180] sang nata ing Pajajaran ||
28. langkung prihatin ing galih | yèn siyang tanpa dhahar |[181] yèn dalu datanpa sare | tigang sasi laminira | akathah kang pralena | langkung prihatining kalbu | anaritis lamun nendra ||
29. angandika sri bupati | lah si nujum timbalana | lan juru tênung dèn age | juru tabit sampun prapta | miwah mantri kang tuwa | angandika sang aprabu | juru tênung kayaparan ||
30. nêgaraningsun puniki | dene katiban wawêlak | lawase tan kaya kiye | asangêt sêsalat prapta | juru tênung aturnya | ampil ing sirnanipun |[182] nanging wontên kang masêlat ||
31. lami
--- [f. 29v] ---
paduka prihatin | ing mangke atêlasana | kasukana ingkang rame | sarta dhahar anginuma | kalawan kang punggawa | yèn sampun paduka nayub | lumêbêta angêdhatyan ||
32. paduka sare lan èstri | ingkang panuju ing manah | ingkang kongsi sapaturon | sok sampuna kalampahan | kawula dèn têtêka | yèn botên sirna pukulun | nanging wontên sêsandhungan ||
33. angandika sri bupati | apa kang dadi sandhungan | pun nujum alon ature | kang dadya sêsukêr tuwan | yèn sampun sacumbana | binjing apêputra jalu | pasthi amatèni bapa ||
34. punika tan kêna gingsir | sêsalad dados jalaran | dèrèng tumiba rasane | samangsane karêsmia | ingkang cahya tumiba | sa nata micorèng kalbu | têka èmêng manah ingwang ||
35. arêp ora sun lakoni | balaningsun pasthi rusak | sun lakonana têmahe | bêlai têka maringwang | nanging lêluhur ingwang | ora nana luwangipun | anak amatèni bapa ||
36. mênawa ta ingsun iki | anglampahana mêngkana | anak matèni bapane | bêcik sun lampahana |[183] mapan ingsun wus tuwa | iya saking wêkasipun | lêhêng bala waluyaa ||
37. dadia têpa kang wuri | maring kang jumênêng nata | nusa Jawa satêdhake | panêdhaningsun ing dewa | kang duwe nusya Jawa | aja liyan têdhak ingsun | kang amutrê ing rat Jawa ||
38. yèn kinênglêm[184] bumi
--- [f. 30r] ---
iki | têdhak isun sêmonoa | ya ta ngandika sang katong | maring kang wadya punggawa | lah payo akasukan | linakon mangan anginum | maria ingkang sêsalad ||
39. nulya anayub sang aji | sampuning awuru dawa | sang nata nulya ngadhaton | wontên wanodya satunggal | bêboyongan mulanya | tan wruh yèn kusuma tuhu | tunggal manggung para rara ||
40. dhasar citrane abêcik | wanodya sampun diwasa | sarta lawan panganggene | bisa molahakên raga | sri nalendra tumingal | pinapagake ing dulu | sang nata adarbe karsa ||
41. nulya dèn êmban sira glis | dhasar asêmu kawratan | tan merang dinulu ing wong | ingalap wau sang rara | nulya binêkta minggah | sinarekakên ing kasur | pan sampun nunggal asmara ||
42. lir pêjaha jroning guling | tibane kang rasa mulya | laminira sapatêmon | pan dèrèng angrasa nikmat | kadya mangke sang nata | pan sarêng kalêmpêripun | tibaning rasa sarasa ||
43. sasampuning pulang rêsmi | kang cahya sampun tumêdhak | awawrat mangke sang wadon | sampun jangkêp ing sêmaya | jabang bayi ababar | tinalika miyos jalu | ibune nulya palastra ||
44. katur ing sri narapati | iki ta rupane baya | anak matèni bapane | sakêdhap sang nata duka | bayi pinakan upas | baruwang lawan racun |[185] sakathahe tan tumama ||
45. sangsaya duka sang aji | kagalih angrasa wirang | yèn luputa ing patine | tumulya jabang cinandhak | binuwang [binu...]
--- [f. 30v] ---
[...wang] luhuring bangsal |[186] tiba tinadhahan suduk | pêdhang tamsir tan tumama ||
46. miwah dhuwung tan nêdhasi | sang nata pêgêl kang manah | jabang tan owah cahyane | nora nangis tan sabawa | karsa pinêm[187] waras |[188] dèn adhangi inyanipun | kawula nuwun sang nata ||
47. pan sampun mangkatên gusti | dados punapa ing liyan | mring paduka pangucape | ratu amêjahi putra | paduka kalingsêman | yèn karsa ing sirnanipun | gusti agampil kewala ||
48. angandika sri bupati | lah gampange kayaparan | aja kawarta patine | pun inya matur anêmbah | ulun nuhun tabêla | punika sae linabuh | wontên ing Kali Karawang ||
49. tinabêla nulya mati | kados sakêdhap kewala | sang nata pangandikane | abênêr ing ujarira | lah mara lungakêna | ya ta tinabêla sampun | binêkta maring Kêrawang ||
50. wus prapta pinggiring kali | tabêla wus ingisenan | brana sajroning krêndhane | pangangge kang indah-indah | dadia sangunira | marang wong ingkang anêmu | prabeyane dadah dulang ||
51. kala wayah têngah wêngi | sampun linabuh kang jabang | sakêdhap tan ana katon | wus kêlêm têngah bêngawan | pan samya mantuk sira | sakathahe kang anglabuh | samarga dhangdhang wurahan ||
6. Dhandhanggula
1. ênêngêna ingkang lagya mulih | kawarnaa Ki Buyut Karawang | ing têngah dalu wayahe | karyanira ki buyut | abêbara pinggiring kali | têngah dalu lumampah | ning têpining banyu |
--- [f. 31r][189] ---
aningali cahya muncar | anèng kali lir wulan purnama sidi | ki buyut linging nala ||
2. salamine ingsun saba kali | durung ningali cahya mêngkana | nulya pinarêkan age | tabêla kang kadulu | pan kasangsang anèng piranti | ki buyut nulya nyandhak | tabêla sinambut | tumulya sira binuka | kang tabêla pan aisi jabang bayi | cahyanira dumilah ||
3. kadya wulan ing purnama sidi | gilaping sarira lir kêncana | ki buyut awas tingale | sumingêb panonipun | kang tabêla tinutup malih | ki buyut linging nala | bêbayi sun dulu | kaya trahe kusuma |[190] têtejane tabêla pinondhong mulih | sapraptane ing wisma ||
4. ki[191] buyut ika amuwus aris | kae umah apa sira gawa | ki buyut alon saure | mau ingsun mring banyu | pan amanggih tabêla adi | kasangkut ing bêbara | katingal amurub | sun ungkabi isi bocah | nyai buyut agupuh dènnya nanggapi | bungahing manahira ||
5. dèn ungkabi tuhu jabang bayi | lanang bagus cahyane gumawang | ni buyut langkung bungahe | dhasar salaminipun | nyai buyut datan nganaki | mangke amanggih bocah | sabusananipun | nolya[192] dinadah dinulang | esuk sore langkung dènira gumati | sampuning lama-lama ||
6. ya ta agêng ponang jabang bayi | kalawon-lawon kala sêmana | lir dinusan banyu gege | wus diwasa sang bagus | sampun pintêr ing basa kawi | nolya atakèn bapa | maring
--- [f. 31v] ---
ing ki buyut | mangkana ing saurira | iya ingsun ramanira ingkang yogi | rahadèn nora rêna ||
7. Kae Jaka wuwusira aris | manuk ika iya anak-anak | rupane kaya bapane | pakanira puniku | têka sèjèn kalawan mami | ki buyut tanpang[193] ngucap | ewuh manahipun | angrasa yèn kalêrêsan | kyai buyut dadya apikir ing ati | sun karya palacidra ||
8. măngsa Ki Jaka wruha puniki | dadya sinauran wuwusira | lah ta radèn satuhune | ingsun pan ora wêruh | kang ayoga maring sirèki | sakala mangke sira | ya ta anak isun | aku duwe pawong sanak | amratapa anèng têngahing wanadri | gawene apetangan ||
9. yèn sabêne sidik lamun angling | lawan wikan sadèrèng winarah | iku prayoga tinakèn | manawa uga wêruh | kang ayoga ing sira kaki | lah payo pinaranan | mênawi ku wêruh | Ki Jaka aris anêbda | alah dawêg kaki pinaran tumuli | ing sanak pakênira ||
10. nulya mangkat ki buyut tumuli | lawan Ki Jaka awirandhungan | duk prapta ing wana gêdhe | kae Jaka andulu | saisine sajro wonadri | bêbêdhag sato ewan | Ki Jaka amuwus | kaki buron apa ika | anèng luhuring kayu arupa jalmi | lungguh ing pang amikrang[194] ||
11. kyai buyut alon anauri | ingkang aran puniku wênara [wê...]
--- [f. 32r] ---
[...nara] | atanya malih rahadèn | lah kaki apa iku | mecok[195] ing panging kayu aking | ajamang kinatipa | sêmbada warnèku | ki buyut aris aturnya | ciyung iku aranira ingkang paksi | Ki Jaka ris anêbda ||
12. yèn mêngkono manira puniki | aranana Ki Ciyungwênara[196] | ki buyut nurut kêrsane | Ki Jaka aris muwus | apa adoh kaki wismaning | ing pasanakanira | kèmêngan ki buyut | karasa ing cidranira | dadya sira amicarèng jroning ati | sun alihêne basa ||
13. wruhanira sanak isun kaki | ngalih wisma anèng ing nagara | ing mêngko karyane pandhe | nambut karyane Ratu | Panjajaran[197] langkung winasis | karya bêdhil lan tumbak | kêris pangot wêdhung | Ciyungwanara miyarsa | satuture yèn sanake nèng nagari | kumêpyur manahira ||
14. kadya siniram sariranèki | kadya gêring nulya olih tămba | sakalangkung ing nikmate | dening sira anêbut | prasanake anèng nagari | Sang Nata Panjajaran | marma sêrp kalangkung | Ciyungwênara anêbda | yèn mangkono lah kaki pinaran aglis | jinujug mring nagara ||
15. pangrasane atiningsun iki | si bapa iku anèng nagara | lah ing besuk karuhane | dadya mangkat ki buyut | pan lumampah tiyang kêkalih | lan Ki Ciungwênara | tan antara rawuh | malêbêt anèng nagara | pan ajujug[198] ênggone ki pandhe wêsi | ki êmpu dyan kapêdhak ||
16. lagi kapanggih anèng bêsali | ki êmpu aris dènira napa | kakang buyut kadingarèn | baya na karsanipun | kakang dika mring wisma mami | lir katibanan [katibana...]
--- [f. 32v] ---
[...n] êmas | kakang dhatêngipun | malêbêt marang nêgara | bokmênawa anêdha kudhi lan akil | kawula pan sumăngga ||
17. Kyai Buyut Karawang nauri | kawula yayi kalangkung nêdha | sangking wau pasihane | nanging parikiningsun | nora ta yèn mangkana adhi | ki êmpu saurira | punapa karyèku | ki buyut ngling ngatêr anak | kula wasta Ciyungwênara puniki | ki êmpu saurira ||
18. yèn mangkatên kakang lah suwawi | pun kulup pênêd andika tilara |[199] tan kudu amrih gawene | dêdimène atutut | adêdolan anèng nagari | ki buyut ing Karawang | amit nulya mantuk | kawarnaa laminira | Ciyungwanara anèng pandhe nêgari | karsa sêsinaua ||
19. dènnya tumandang apandhe wêsi | paron dhêngkul apêpalu tangan | pan asupit darijine | ki pandhe sira dulu | maring Ciyungwanara singgih | samya gawok tumingal | alon polahipun | pan sampun alama-lama | kasusra kajanapriya jro nagari | ki êmpu duwe anak ||
20. abagus kawasa tur linuwih | pakêrtine sêkti mahambara | wong nagara pangucape | payo padha andulu | lanang wadon myang gêdhe cili | miwah răndha wêlanjar | somahan tan kantun | padha ayun tumingala | arantaban agêbagan jro nagari | padha mring kapandhean ||
21. sabên dina wong padha ningali | malah kêbêk jêjêl kapandhean | pan kongsi rêbah pagêre | sangking kèhe kang dulu | nora surud ingkang ningali | maring Ciyungwanara |
--- [f. 33r] ---
mêngkana ki êmpu | kabasênên manahira | malah griyanira rêbah dening jalmi | pagêr jawi wus têlas ||
22. kae êmpu pan adarbe jangji | yèn si arêp padha nênontona | jêjalukan ingsun mangke | awèha marang ingsun | pangrusake ing pagêr mami | yèn si nora mangkana | aja na wong dulu | ingsun dhewe karusakan | yèn somahan sun jaluk padha saiki | kalih reyal dèn lila ||
23. ingkang răndha luke sun jaluki | kalih reyal kang răndha gulingan | anyajampêl sarupane | parawan nigang suku | kang wulanjar angênêm tali | parandene tinêkan | dêlape yun wêruh | miwah pincang jinalukan | ngêrong tali parandene dèn têkani | kang bocah anyauwang ||
24. ya ta sampun ika lami-lami | Ciyungwanara karsa mring pasar | ayun wêruh ing wong akèh | ki pandhe nora asung | aja lunga nak ingsun kaki | wantune wong akathah | sira durung tau | andulua wong nagara | besuk maning lamun pasar kaping kalih | barêng kalawan ingwang ||
25. bari adol wêdhung pangot arit | Ciyungwanara kandhêg lampahnya | prapta pasar ping kalihe | mring pasar kyai êmpu | sarêng mangkat tiyang kêkalih | Jaka Ciyungwanara | sêmana andulu | gajah duk lagi ginuyang | Ciyungwanara atêtakèn apa iki |[200] buron gêng tinunggangan ||
26. kae êmpu sigra anauri | iya ika kang ingaran gajah | tunggangane ratu anggèr | norana wênang gadhuh | yèn ta durung dadi nêrpati | mèngsêm Ciyungwanara | kapengin ing kalbu | sarêng pinandêng ing tingal |
--- [f. 33v] ---
nulya parêk gajah lumayu agipih | marêk Ciyungwanara ||
27. prapta ngarsanira ponang èsthi | nulya mêndhêk yèn bisaa ngucap | gusti anungganga age | marang ing gigir ingsun | sabên dina ulun ulati | suwawi apanggiha | lan rama sang prabu | pan wus karsaning bêthara | kathah putra mung paduka kang pinasthi | kang anggêntosi nata ||
28. Ciyungwanara uninga wangsit | dèn êlus-êlus kang ponang gajah | pan nulya tinilar age | wong sapasar andulu | padha cingak polahe wèsthi | ki pandhe cêngêng mulat | adhuh anak isun | tur sarwi atêbah jaja | dadi apa katura maring sang aji | ingsun dadi têtêkan ||
29. aja sira gusti maning-maning | nadyan sira nyawa dèn idhêpa | iku kagunganing rajèng | aja ta anak isun | sarupane ingku[201] matèni | têmbe ingsun tumingal | gajah têka sujud | kadar sira dèn guh sapa | prapta wisma tan pêgat dènnya nuturi | undure sangking pasar ||
7. Durma
1. anêngêna[202] mangke Ki Ciyungwanara | kocapa sri bupati | tatkala sineba | ngadu wong prang tandhingan | gamêlan munya angrangin | sarta kang surak | wêrtane ngabên jalmi ||
2. Ciyungwanara arsa aningalana | ki pandhe dèn pamiti | bapa amit ingwang | arsa nonton sakêdhap | wartane wong aprang tandhing | ing pagêlaran | ki pandhe sru dènnya ngling ||
3. anak isun yèn kêna ta ingsun aja | tan layak dèn tingali | kasukaning nata | pan akathah jajaran | kang nora wruh ambayani [amba...]
--- [f. 34r] ---
[...yani] | sira wong anyar | durung wêruh prakawis ||
4. Ciyungwênara pinênggak kudu amêksa |[203] ayun wruha sadhidhik | totonan[204] nêgara | kapengin ningalana | tumulya kesah tan pamit | mring panêgaran | amor lan rare alit ||
5. aningali sang nata kalih sineba | marêk linggih sumandhing | jajar lan sang nata | pangkon mèh kalinggihan | sang nata nora udani | Ciyungwanara | banjur maring Sitigil[205] ||
6. kandhêk anèng bale sawo ingampiran | găngsa ingkang kinardi | lamun kagêpoka | nora pilih manusa | bale sawo iku muni | tinêmbang pisan | muni saliring gêndhing ||
7. ya ta tinêmbang dening Ciyungwanara | bale sawo pan muni | lir bonang sarancak | syaranira lir grêrah | sang nata eca alinggih | angadu aprang | bale kapirsa muni ||
8. ya ta gègèr sakèh mantri pagêlaran | angandika sang aji | mring mantri sadaya | miwah para sêntana | sapa ingkang wani-wani | mring bale găngsa | lah cêkêlên dèn aglis ||
9. kawula gêdhong kaparêk sami mangkat | ing luhuring Sitigil | ana kang katingal | rare nanging satunggal | têturon ing bale muni | Ciyungwanara | nulya sarêng dèn byuki ||
10. dening kapêdhak mantri gêdhong sadaya | kêbêk datan kaèksi | sarira sadaya | sangking kathahing wadya | Ciyungwanara akirig | pating palêsat | siji tan ana kari ||
11. padha kabêntus padha rowange kănca [kă...]
--- [f. 34v] ---
[...nca] | ana pêcah murdèki | kang sêmpal baunya | ana putung sikilnya | ana kang picêk sasisih | ingkang waluya | banjur lumayu gêndring ||
12. ya ta sami umatur dhatêng sang nata | sarêng dènnya wotsari | ulun atur tiwas | abdi dalêm sadaya | angandika sri bupati | wong isun kathah | kalah ing rare cili ||
13. para mantri aturira mring sang nata | anake pandhe wêsi | ngandika sang nata | si pandhe timbalana | pun pandhe anulya prapti | ngarsa sang nata | angandika sang aji ||
14. lah ta pandhe sapa rane anakira | dening angêlêluwihi |[206] wani bale găngsa | pun pandhe amêlasarsa |[207] anuwun duka sang aji | Ciyungwanara | wêstane pêrcil alit ||
15. angandika sang nata lan arah[208] mohal | kapanane sirèki | yèn duwea anak | pan isun nora kilap | pan sira nora nganaki | pun pandhe nêmbah | alêrês paduka ji ||
16. jrih kawula botên matura sang nata | anak gèn amêmanggih | sampun dados kang têrsna |[209] angandika sang nata | sun pundhut anake rèki | lah sira suka | pun pandhe matur aris ||
17. dhatêng sumăngga ing karsa sri nalindra | sang nata ngandikani | mring Ciyungwanara | nulya prapta ngajêngan | sang nata rêsêt[210] ningali | bagus sinawang | cingak kang para mantri ||
18. Ciyungwanara wus tinutakên magang | wusing alami-lami | nulya ing ngayunan | kinèn angirit lampah | pisan pindho angênèni | angsal boyongan |
--- [f. 35r] ---
miwah murdaning aji ||
19. katarima karyane Ciyungwanara | punjul para dipati | kinulawisuda | jinunjung linggihira | sangking karsane sang aji | wus sinung aran | Arya Banyakwidhèki ||
20. sinungan lêligih[211] kawula salêksa | ingakên putra ngapti | liyangan gêndhaga | mêdanani sadaya | alêlungguh prangmêdani | dalêm lor pasar | wênang nabuh sakati ||
21. sakathahe para mantri Pajajaran | enjing seba nêrpati | sore mring kariyan | dadi marentahira | wênang kanggenan pêpati[212] | wong Pajajaran | sadaya wêdi asih ||
22. Arya Banyakwidhe matur ing sang nata | anuwun paduka ji | yèn sawawi karsa | tiyang pandhe sadaya | kawula suwun kang kardi | pan akaryaa | tumbak kalawan bêdhil ||
23. yèn ajurit sampun kirang kang gêgaman | sang nata amêthuki | apa karsanira | pan sun srah marang sira | nuli bubar kang tinangkil | kang pra pugawa | amêpêk pandhe wêsi ||
24. Arya Banyakwidhe aris angandika | dhatêng kang pandhe wêsi | hèh pandhe sadaya | sun jaluk gawenira | gawea gunjara[213] wêsi | padha sadina | dadine sun wangêni ||
25. sami sanggup kawula pandhe sadaya | karya[214] kunjara wêsi | sami nyambut karya | sadina nulya dadya | katur kunjara yèn dadi | pinajang-pajang | sinung kasur gêguling ||
26. pêpajêgan susun sanga sami sutra | sinêlan sora-sari | gobah tundha tiga | lêluhur kamitir[215] bang | sampune sami rinakit | tan kawarnaa | nulya lumampah jurit ||
27. sadhatêngira sangking ing panglurugan [pangluruga...]
--- [f. 35v] ---
[...n] | sang nata duk tinangkil | pêpêk kang punggawa | miwah para satriya | Arya Banyakwidhe aglis | matur sang nata | anuhun patik aji ||
28. kawula duk aprang adarbe ubaya | yèn mênanga ajurit | paduka sang nata | dados karta ubaya | samăngsa kawula prapti | adhêdharana | ing griya ulun benjing ||
29. angandika sang nata ya anak ingwang | ingsun kang angluwari | maring umahira | apan ingsun marana | Ki Arya matur wotsari | ing benjang enjang | paduka lun aturi ||
30. risampune mangkana sri naranata | ejing[216] nulya nindaki | wismane Ki Arya | Banyakwidhe sadhiya | para mantri anèng jawi | nulya kasukan | dhahar nayub sang aji ||
31. sasampune sang nata awuru dawa | sang nata aningali | gêdhong kang pinajang | asri yèn tiningalan | linangsenan sutra wilis | korine mênga | bisa minêp pribadi ||
32. kagyat mulat sang nata dangu kang putra | kagawokan sun iki | sira gawe apa | amêmajang kunjara | Banyakwidhe atur bêkti | kawula karya | pagulingan ing wêngi ||
--- [f. 36r][217] ---
33. kasêntikaning ingkang gêdhong punika | yèn gêrah dados atis | yèn atis kalintang | dumadakan agêrah | yèn badan lêsu nyêgêri | lamun alara | sakeca padha mangkin ||
34. lamun luwe dadya warêg kasêktènnya | sang nata ngandika ris | yèn mangkono iya | ingsun arsa anyoba | pan panas ingsun kêpati | katarimaa | dadia sêgêr mami ||
35. tan antara sang nata malêbêt nendra | sakeca dènnya guling | sampuning mangkana | gêdhong nulya nginêban | lawange nulya kinunci | mantri kaparak | labuhên gêdhong iki ||
36. gêdhong iki dadine pana sang nata | gawe sangar nêgari | nulya rinarămpa | dhatêng Kali Kêrawang | gêdhong linabuh tumuli | nulya ngandika | sangking jro sri bupati ||
37. apa dosaningsun kalabuh bêngawan | Banyakwidhe nauri | punapa karannya | kula duk mingsih jabang | paduka labuh ing kali | pamalês ingwang | sang nata datan angling ||
38. ênêngêna ing mangke datan kocapa | panjênêngan nêrpati | nêgari Koripan | ingkang jumênêng nata | Rêsi Githayu anênggih | putra lêlima | pambayun Kilisuci ||
39. Kilisuci kang jumênêng Wonasaba | Amiluhur sumêndhi | jumênêng Jênggala | Lêmbu Mardadu ika | pandhadha jumênêng aji | nêgaranira | anênggih ing Kadhiri ||
40. ingkang rayi ingaran Lêmbu Mangarang | pan wus jumênêng aji | nagri ing Gêgêlang | wêragil Prênggiwăngsa | kang krama ing Singasari | Lêmbu Mijaya | kawarnaa sang aji ||
41. ingkang aran Lêmbu Amiluhur ika | wus putra Sang Apanji | Sang Panji akrama | angsal putri ing Daha | tuhu yèn ayu linuwih | Căndrakirana | anênggih wêstanèki ||
--- [f. 36v] ---
42. sampun loma Sang Panji wus apêputra | jalu warnane pêkik | pan dinama-dama | aran Radèn Laleyan | gumanti jumênêng aji | nulya pêputra | Radyan Banjaransari ||
43. sira radyan gumantya jumênêng nata | ngalih sangking nêgari | ing Mêdhangkamolan | lami datan winarna | pan sampun kêrsane Widi | dêlajat têka | kasmaran kang ningali ||
8. Asmaradana
1. Rahadyan Banjaransari | pan nêgaranira rêngka | Mêdhangkamolan wêstane | anênggih kala sêmona | musna sangking nagara | angilèn ing lampahipun | sarta kang kathil kêncona ||
2. manggih guwa dèn lêbêti | asru brangtane mring dewa | kala radèn satilare | pan nagara rêrusuhan | datan ana tinata | sinigêg ingkang winuwus | wontên ingkang cinarita ||
3. bang kulon wontên wong luwih | wismane ing Sundharowang | wo[218] kèringan mêcapate | datan ana kang wania | anak putune kathah | dene anak ingkang sêpuh | ingkang aran Pinituwa ||
4. langkung susah ingkang ati | dene tan darbe narendra | sêmona wayah dalune | Ki Pinituwa anendra | kalawan rabinira | kagèt sira nulya wungu | ana syara kapiyarsa ||
5. Pinituwa nulya mijil | tan pisah lan rabinira | kalunta-lunta lampahe | sangking guwa linêbêtan | jroning guwa pan sonya | nulya ana kang kadulu | kidul wetan ana teja ||
6. sigra-sigra dèn parani | wus prapta ngarsarning[219] guwa | tan pisah lawan rabine | sigra guwa linêbonan | jroning guwa na padhang | akathah ingkang kadulu | pan arakit padalêman ||
7. warnane dinulu asri | kadya ingkang patamanan | kumêndhung pasarehane | luhure kathil [ka...]
--- [f. 37r] ---
[...thil] kêncona | ana satriya nedra[220] | Ki Pinituwa agupuh | arsa umarêk ing dagan ||
8. sapraptane dagan kathil | kang anendra nulya ical | langkung cuwane manahe | dèrèng kongsi ngabêktia | dhatêng kang amêrtapa | dhatêng kathil kang tinunggu | Pinituwa lan rabinya ||
9. kang musna sangking ing kathil | Rahadyan Banjaransêkar | nutugakên sakêrsane | manjing wona agêrotan | datan ana katingal | amilang gung ujur gunung | ana pratapan katingal ||
10. langjung[221] dènira lumaris | kandhêg jawining pratapan | rahadyan èmêng galihe | akathah kang kapiyarsa | suwara jroning guwa | kêlangkung ing angkêripun | pan nêgara sêsiluman ||
11. jalma mara jalma mati | karatoning parayangan | mangkana tyasira radèn | anêkung marang ing dewa | tan antara tinêkan | kang prakatha padha umyung | prahara lindhu sakala ||
12. kagyat sang ratuning pêri | sigra kinèn amariksa | kang dadi gara-garane | punang cèthi sigra mêdal | ing jawi pinariksa | yèn ana satriya rawuh | abagus ing wêrnanira ||
13. punang cèthi matur aris | rahadèn pundi pinăngka | ing ngajêng pundi sêdyane | kawula kinèn mariksa | ing Kangjêng Sang Ratumas | rahadèn wuwuse arum | punang cèthi umatura ||
14. sayêkti manira iki | satriya ingkang lêlana | nutugakên sêdyaningong | nurut saparaning manah | luru marganing pêjah | ing mêngko ta sêdyaningsun | umarêk ing gustinira ||
15. ponang cèthi matur aglis | sapraptanirèng ngajêngan | atur uninga wiyose | pan sampun kawula priksa | kang dadya gara-gara | wontên satriya kang rawuh | abagus ing warnanira ||
16. sampun kawula takèni | nêdya amarêk paduka | angantosi timbalane | sang ratu sampun anduga | mirsakên[222] aturira | micarèng sajroning kalbu | sun badhene iku nata ||
--- [f. 37v] ---
17. ni êmban mêtua aglis | aturana mring kadhatyan | sigra ni êmban lampahe | wus prapta ngarsa sang dibya | ni êmban atur sêmbah | kawula matur pukulun | sampeyan anggèr ngaturan ||
18. lumêbêta kênyapuri | amilanga kang gapura | tundha sanga gapurane | ingkang sami kinuncenan | rahadyan lamun bisa | lumêbêt kadhaton arum | wus pinasthi marang dewa ||
19. jatukramane sang putri | jumênênga prabu ing rat | angrèhêna ing wadyane | saisine ing kadhatyan | dadia kang wowohan | radèn manahe kumênyut | anêdha marang dewa |[223]|
20. asidhakêp asta kalih | mangèstupadaning tunggal | wus sirna păncadriyane | maladi samèdining kang | anêgês karsaning Yyang | wus amurwèng ing pandulu | tinarima maring dewa ||
21. Rahadyan Banjaransari | duk tumanduk kadya kilat | wus kapungkur gapurane | kang rinaksa prayangan |[224] warnane ayu e[...]h[225] |[226] gapura siji rongatus | sami prajurit wanodya ||
22. wus prapta sanjroning[227] puri | kandhêg anèng palataran | sarya endah ing warnane | sang putri nulya katingal | têdhak sangking amparan | amêthuk kang raka prabu | wus pinarêk akalihan ||
23. ya ta umatur sang putri | kakang andika katuran | punapa wontên kêrsane | pinarêk nagri siluman | ulun mapan sumăngga | saisine ing kadhatun | katura ing jêngandika ||
24. saisine ing jro puri | jim pêri lan pêrayangan | jêngandika pan gustine | dadia ingkang pawongan | ulun pasrah sadaya | nanging ta panêdhaningsun | sampun cidra ing ubaya ||
25. ingsun iki widadari | jumênêng ratu siluman | ngêdhaton ing Galuh kene | pilih wong ingkang uninga | ing mêngko kamanusan | yèn dudu guruning ratu | daya ta yèn kapanggiha ||
26. kang raka wuwuse manis | yayi ingsun apracaya | dhingin ingsun kamulane | jumênêng Mêdhangkamulan | mêngkana kraton ingwang | baya ta wus pêsthiningsun | pan nêgaraningsun rêngka ||
27. linggih dhampar kêncana di | pinatik ing nawarêtna | intên jumantên widure | mirah dadu sinêlanan | abra dening ujyala | yèn tinon pating pêlancur | ingapit ing pêrayangan ||
--- [f. 38r][228] ---
28. isun sah sangking nagari | samarga kalunta-lunta | kang manah tanbuh rasane | wus pinêsthi marang dewa | mangke kapasang yogya | abdèkêna mirah isun | tulusa asih pun kakang ||
29. Rahadyan Banjaransari | jumênêng prabu siluman | ing Galuh nênggih wastane | bupati sami wanodya | jim pêri pêrayangan | sinigêg ingkang winuwus | wontên ingkang cinarita ||
30. kang anèng guwa wus lami | anugu[229] kathil kêncana | mung wong loro lan rabine | tinêkan sasêdyanira | tinurunan ing dewa | ana suwara karungu | Ki Sata isun atêdah |[230]|
31. lah metara[231] sira kaki | age sira mangulona | ing kono iku pêrnahe | ana ratu kang utama | iku sira jujuga | pepea waringin kurung | dene sira kapariksa ||
32. Ki Satami nulya mijil | tan pisah lan rabinira | mangulon ika lampahe | manjing wona nyabrang jurang | munggah ngardi sumêngka | waringin kêmbar kadulu | sigra nulya pinaranan ||
33. apepe ngisor waringin | tan pisah lan rabinira | Ni Satomi atêtakèn | ujare iki nêgara | pan misih têngah wona | manawa kasasar laku | kiyai luwung mantuka ||
34. mênênga aja baribin | Ki Satomi pan alênggah | langkung kathah suwarane | jim pêri lan pêrayangan | syaranira gumêrah | sayêktine alun-alun | galadhag pasar ngêmandhang ||
35. Ni Satomi langkung giris | suwara datan katingal | kiyai paran kêrsane | iki gone pangalalapan[232] [pangala...]
--- [f. 38v] ---
[...lapan] |[233] kasasar lampah dika | lah dawêg sami amantuk | wangsul dhatêng Sokapura ||
36. ambadhokakên[234] wong iki | têka sira amênênga | wêrnanên wong jro kadhaton | mantri Galuh pan uninga | bupati miwah arya | apepe waringin kurung | wong èstri kalawan priya ||
37. alêrêsi[235] dintên Kêmis | sadhatênge wong sêseban | kinèn amariksa age | kapriksa gandhèk wanodya | wus prata[236] tinakonan | kiyai apa kêrsamu | apepe waringin kêmbar ||
38. jêlalatan Ki Satomi | kang ngucap datan katingal | wali-wali atêtakon | angucap kadi manusa | Ki Satomi kewuhan | adangu ora umatur | kang takon ora katingal ||
39. sumaur Kaki Satomi | tambêt kawula ing dika | angucap pan ora katon | wruhanira awak iwang[237] | gandhèke sri nalendra | manira kinèn andangu | kaki apa kêrsanira ||
40. Ki Satomi sigra angling | mila apepe kawula | aturêna ing sang natèng | sumêdya kula ngawula | ing gusti sri nalendra | kang mariksa nulya wangsul | prapta umatur sang nata ||
41. sadaya katur nêrpati | sigra nalendra ngandika | sira timbalana age | sigra-sigra lampahira | wus prata pagêlaran | Kaki Satomi jinujug | cinandhak ing astanira ||
42. ponang gadhèk[238] muwus aris | Satomi sira ngandikan | marang ngarsane sang katong | sigra andhèrèk lumampah | kalawan rabinira [rabi...]
--- [f. 39r] ---
[...nira] | lampahira gruyah-gruyuh | ginujêng gandhèk wanodya ||
43. anasak-nasak ri bandhil | anujang-nunjang[239] ri tanjang | Satomi susah manahe | nyai sampun gancang-gancang | kawula sampun pincang | sing alon dika maku[240] |[241] kawula wong sampun tuwa ||
44. ponang gandhèk anauri | kaki dene iki jêmbar | arêsik alun-alune | padhang kadi palataran | wus dungkap pagêlaran | kinèn laju lampahipun | wus prata ngarsa nalendra ||
45. tumungkul kojêm[242] ing siti | sri nalendra angandika | sapa aranira kang wong | lan ing ngêndi umahira | lan apa kang sinêdya | amatura aja gugup | Ki Satomi nyalingukan ||
46. kawula nuwun ing gusti | yèn suwawi lawan karsa | ngatingala sajatine | kawula ayun uninga | sigra nulya katingal | Ki Satomi ebat dulu | nyata yèn bagus kang warna ||
47. micarèng sajrone ngati | iya uga gustiningwang | kang mawa dudu apane | agupuh nukêmi[243] pada | matur sarwi karuna | mila pepe wringin kurung | pan sumêdya angawula ||
48. sang nata ngandika aris | lah bapa isun tarima | panjênênganisun kene | nora duwe bala lanang | bupati mantriningwang | padha pawèstri sadarum | mêngko sira angawula ||
49. Ki Satomi matur aris | sumăngga[244] karsa sang nata | pan abdine pan cumaos | sri nalendra angandika | ing mêngko karsaningwang | muliha maring umah |[245]
--- [f. 39v] ---
kêrigên nak putunira ||
50. anak putunira sami | ingsun karyane punggawa | bupati arya dêmange | lan para mantri sadaya | age sira miyanga | Ki Satomi nulya mundur | sampun lêpas lampahira ||
51. anjujug wismane lami | ing nagari Sokapura | wus panggih anak putune | Ki Satomi tinangisan | wus têbah wartanira | kang[246] prapta macapatipun | agawok sira tumingal ||
52. angucap Kaki Satami | kabèh anak putuningwang | padha mindêla sakèhe | aran ingsun masih gêsang | ingsun iki wêwarta | ingutus Sang Prabu Galuh | animbali maring sira ||
53. anak putunira sami | nauri sarwi karuna | anglêngkara[247] pangucape | kiyai andika kalap | pundi wontên nalendra | kiyai andika emut | ing Yyang Jagat Girinata ||
54. sadaya sinêntak sami | ingsun iki nora kalap | tutur-tutur sabênêre | dinuta marang sang nata | kinèn animbalana | kabèh anak putuningsun | karsa ginawe punggawa ||
55. agêndhong sarta kinêrig | anak putune sadaya | prasamya kinumpulake | sanake kang têbah-têbah | sami ngumpul sadaya | wontên cacah tigang atus | kang badhe sami binêkta ||
56. kang sawiji ngucap ririh | pan ingsun nora kaduga | pan wus lawas antarane | ing mêngko prapta dinuta | bok iku mindha-mindha | ana sawiji amuwus | ya ingsun ingkang pracaya ||
57. wus mangkat Kaki Satomi | nak putu ngiring sadaya | tan winarna ing lampahe | wus prapta Galuh nagara | kandhêg ing pangurakan | Ki Satomi sigra laju | tumama ngarsa sang nata ||
58. Ki
--- [f. 40r] ---
Satomi matur aris | anênggih lampah kawula | animbali ing abdine | pan sampun dhatêng sadaya | sumăngga ingkang kêrsa | angandika sang aprabu | bapa sira timbalana ||
59. sadaya ngarsa nrêpati | Ki Satomi mugèng ngarsa | sri nalendra andikane | lah ing mêngko karsaningwang | sira dadia tuwa | angrèhêna punggawa gung | ariya răngga lan dêmang ||
60. nak putune Ki Satomi | prasamya dadi bupatya | gêmah arja nagarane | wus kawêntar ing padesan | akathah ingkang prapta | langkung sukane sang prabu | sampun darbe bala lanang ||
61. nagara Galuh winarni | samana wus kamanusan | wus katingal nagarane | kang awisma saya kathah | miwah kang padhusunan | tulus kang sarya tinandur | murah kang sarya tinumbas ||
62. wus alama sri bupati | risêdhêng lagya anendra | ing têngah dalu wayahe | sri nalendra asupêna | aningali sanjata | abagus ing wêrnanipun | kathahira sakêmbaran ||
63. sawungune sri bupati | anulya wau pinarak | pêpungunên supênane | sigra ki patih ngandikan | wus prapta ing ngajêngan | angandika sang aprabu | marmane sira sun undang ||
64. bapa sira sun tuturi | ing dalu ingsun supêna | tumingal sanjata gêdhe | abagus suwarnanira | akèhe sakêmbaran | mêngko bapa karsaningsun | sira ingkang ingsun duta ||
65. poma bapa dèn kapanggih | kang kaya supênaningwang | rêkyana patih ature | kawula dhatêng sandika | nglampahi ingkang karsa | wus lèngsèr ngarsa sang prabu | sapraptane wismanira ||
66. kapikir sajroning ati | ngêndi gone kapanggiha | supênane sang akatong | baya wus karsaning dewa | marga dadi jalaran | apakêna awak [awa...]
--- [f. 40v][248] ---
[...k] ingsun | anglampahi ing ayahan ||
67. rabine dèn pituturi | babo nyai akaria | ingsun dinuta sang katong | angulari kang supêna | pirangbara muliha | dèn bêcik sapungkur ingsun | Ni Satami sru karuna ||
68. wis mênênga sira nyai | pan ingsun nuli lumampah | ingsun jaluk picis bae | wadhahana ing têtapas | iku bakal sun gawa | wus karia ariningsun | kyana patih sampun mangkat ||
69. tanpa rowang lampahnèki | tan ambêkta ponakawan | mêlasarsa ing lampahe | samarga-marga sungkawa | ingkang sinêdyèng manah | ing Sokapura jinujug | lêstari ing lampahira ||
70. sadhatênge kyai patih | akathah kang sami prapta | ajêjêl anèng ngarsane | ganti-ganti apranata | arsa sinuba-suba | rêkyana patih amuwus | anak putu aja susah ||
71. apan awak ingsun iki | dinuta ing sri naledra[249] | angulari supênane | sanjata kang sakêmbaran | pirangbara anaa | wis karia anak putu | ingsun manjing jroning guwa ||
72. kabèh anak putu mami | pan ingsun iki mêmêkas | èstokêna sira kabèh | aja na tilik agugah | têka padha indêlna | yèn wus jangkêp patang puluh | dina sira gugaha |[250]|
73. amujung Kaki Satami | ambêkta picis satapas | kang sinandhing ngiringane | asru anênêdhèng dewa | angsal samade căndra | ing Galuh ingkang winuwus | satilare ingkang raka ||
74. garwanipun kyai patih | satilare ingkang raka | datan sakeca manahe | sigra nusul ingkang [ing...]
--- [f. 41r] ---
[...kang] raka | tan winarnèng ing marga | ing Sokapura jinujug | lajêng malêbêt ing guwa ||
75. sêmana sampun alami | jangkêp kawan dasa dina | ginugah anak putune | sangking sajawine guwa | wali-wali tan obah | linêbêtan guwanipun | kukup sinjang kang binuka ||
76. kagèt dènira ningali | Ki Satami malih warna | pan dadi mariyêm kaot | abagus ing wêrnanira | sanjata sakêmbaran | ingkang gugah nulya mêtu | wêwarta ing sanakira ||
77. pan wus padha dèn tuturi | sanake kagèt sêdaya | sigra-sigra ing lampahe | prasami lumêbêt guwa | ki patih tinangisan | nulya aputusan sampun | tur uninga sri nalendra ||
78. samana sri narapati | enjing miyos siniwaka | pêpêk punggawane andhèr | ariya dêmang lan răngga | jêjêl anèng ngayunan | kasaru ing praptanipun | asewaka ing ngayunan ||
79. atur uninga nêrpati | ing purwa têkèng wêkasan | sang nata langkung gêtune | ngandika jroning wêrdaya | nora kaya si bapa | baya uwus pasthinipun | duwe gusti maring ingwang ||
80. sri nata ngandika aris | marang sakèhe punggawa | kinon angusunga age | punggawa sampun lumampah | sang nata nulya jêngkar | lumêbêt marang kadhatun | kang lumampah sampun prapta ||
81. sigra ingakat[251] tumuli | sanjata pan nora obah | kinathahan punang uwong | amêksa tan purun obah | prasamya akèwêdan | ana suwara karungu | nadyan anaa salêksa ||
82. nadyan wuwuha sakêthi | pan ingsun măngsa obaha | yèn ta dudu sang akatong [a...]
--- [f. 41v] ---
[...katong] | punggawa prasami rêmbak | umatur sri nalendra | saksana umangkat sampun | gêgancangan lampahira ||
83. datan kawarna ing margi | wus prapta sirèng nêgara | tumanduk ing jro purane | sri nata lagya sineba | gêpah ing aturira | pukulun aba[252] ingutus | amundhut ingkang sanjata ||
84. sakathahe ingkang abdi | prasamya ngangkat sadaya | sakathahe kang punang wong | nanging pinaksa tan obah | kathah kang kenging rumab | wontên suwara karungu | anak putu wruhanira ||
85. nora kêlar sira kaki | angangkata maring iwang | yèn dudu gusti sang katong | nora susah bala kathah | iku pêsthi sun kangkat | sumăngga karsa sang prabu | yèn karsa anindakana ||
86. wus pêpêk punggawa mantri | sri nalendra sigra budhal | tan winarna ing lampahe | wus prapta ing Sokapura | lajêng tumamèng guwa | ya ta mangkana sang prabu | anabda lir guladrawa ||
9. Dhandhanggula
1. sri nalendra angandika aris | bapa mêngko sira ingsun gawa | payo mangkat aja suwe | sun bayong[253] maring Galuh | ingsun dhewe ingkang jênêngi | saksana nulya obah | padha sira dulu | Ki Satami sampun kangkat | lampahira kadi ta mara pribadi | wus prapta ing nêgara ||
2. lanang wadon samya aningali | kaki-kaki dhudha lawan răndha | miwah bocah ingkang rare | jêjêlèng ing ngalun-alun |[254] salin tunjang arêbut dhingin | ana tiba kasingsal | ana kagalundhung | binêkta laju mring pura | sakêlangkung sang nata dènira asih | sarta sinungan aran ||
3. sri nalendra [nale...]
--- [f. 42r] ---
[...ndra] wau amêstani | sanjata lanang pan sinung aran | Ki Jaka Pêkik namane | sanjata èstri sinung | akêkasih Nyai Satami | kalangkung suka rêna | sang prabu ing Galuh | dene sadyane tinêkan | kang sênjata karo sami dèn ulêsi | sangkêlat bang rinêngga ||
4. panjênênganira sri bupati | wus alama sêmana pêputra | jalu abagus rupane | langkung suka sang prabu | pan ginadhang gumanti aji | kalih pan sami priya | dene ingkang sêpuh | nama Radèn Wanènggada | dene putra kang anèm namane singgih | Radèn Arjakusuma ||
5. langkung sihe kang rama sang aji | putra kalih pan dinama-dama | wus nama sang prabu anèm | lami datan winuwus | garwanira sri narapati | widadari sadaya | amarak sang prabu | widadari atur sêmbah | jêng sang nata kawula anuwun pamit | mantuk mring suralaya ||
6. wus alama kawula puniki | kêkayangan anèng marcapada | wus arja nêgari gêdhe | mangke dika kang mêngku | wus prayoga jumênêng aji | ing mangke kamanusan | nêgari ing Galuh | kawula amit sang nata | sêlamêta satilar kawula gusti | andika mêngku praja ||
7. tan antara mumbul mring wiyati | ingkang raka kalangkung sukawa[255] | kang manah tanbuh rasane | antinên mirah ingsun | pan pun kakang tan bisa kari | ingsun arsa wêwarta | maring putranipun | kang putra kalih ngandikan | sampun prapta ing ngarsa konjêm ing siti | sri nata angêndika ||
8. mêngko[256] sira isun pituturi | ingbunira[257] mulih suralaya | atinggal mring karatone | sun ampah
--- [f. 42v] ---
nora purun | mêksa mubul[258] marang wiyati | dene ta karêp iwang | pêsthi isun nusul | kang bêcik sira sun tilar | ingkang atut aja na suwalèng budi | putra kalih karuna ||
9. sri nalendra angandika aris | ingkang putra tansah dèn pitukas[259] | isun watir ing dhèwèke | poma sapungkur isun | aja ana ingkang miwiti | sapa kang miwitana | aja nêmu ayu | lan isun aparing êmban | rumêksaa maring sira iku bêcik | ingkang putra anêmbah ||
10. sang nata mubul marang wiyati | wus lêpas sakêdhap tan katingal | kadya kilat ing lampahe | suralaya jinujug | wus ginadhang de Yang Pramèsthi | dadi gênêpe dewa | gênti kang winuwus | kang putra kantun sukawa | kang sinambat rama ibu widadari | datan narka panggiha ||
11. putra sêpuh kang jumênêng aji | Prabu Anom Sang Jayakusuma | wus sinung lalênggah dhewe | timbangane sang prabu | kathah uwong kang sami ngabdi | banira atur sêmbah | gusti sang aprabu | abdine pan sampun kathah | angêndhiha raka paduka sang aji | paduka madêg nata ||
12. Prabu Anom angandika aris | bapa isun mapan durung arsa | rama aji pitungkase | nora arja tinêmu | sapa ingkang sadya miwiti | nora arja tinêmah | kaya awak isun | kang warta katular-tular | sampun katur sang nata èmêng ing galih | kang matur karya salah ||
13. tata tita lingira ing nguni | sri nalendra miyos sinewaka | pêpêk punggawane kabèh | dipati lan tumênggung | arya dêmang lawan ngabèi [nga...]
--- [f. 43r] ---
[...bèi] | sri nata angêndika | apa sira ngrungu | isun amiyarsa warta | yayi prabu ing mêngko arsa ambalik | angêndhih kraton iwang ||
14. iku bapa pikirên dèn bêcik | yayi prabu ing mêngko sawala | kaya priye prayogane | pitukase rumuwun | rama aji kala ing nguni | sapa kang miwitana | nora manggih ayu | iku yèn nyata kang warta | prayogane isun dhewe kang nidaki[260] | bêcik andhiminana ||
15. wus adangu sang sring[261] narapati | sampun jêngkar kondur angêdhatyan | kocapa Sang Prabu Anèm | êmbanira umatur | gusti mangke rakamta aji | sampun miyarsa warta | prakawising laku | ing mangke arsa tumindak | angrabasèng ambêkta punggawa mantri | anyêpêng ing paduka ||
16. lêhêng gusti amêpêka baris | raka prabu pan sampun kantênan | sinabilan sakêrsane | Prabu Anom amuwus | isun bapa nora kadyèki | karsane kakang êmas | isun maksih emut | payo bapa padha lunga | sinikiran[262] aja kasi dadi jurit | nora bêcik tinêmah ||
17. wus sumurup yang pratănggapati | gênti padhanging wulan patbêlas | sirêp jalma ing wayahe | lalos[263] lan êmbanipun | datan ana ingkang udani | wus lêpas lampahira | manjing ing wana gung | lampahira alolonan | wus raina kawarnaa sri bupati | sampun amêpêk bala ||
18. tan antara sri bupati mijil | binarisan dalême kinêpang | sigra pinariksa age | sampun kapanggih suwung | saisine dalêm pan maksih | kathah sami gumêlar | sang nata [na...]
--- [f. 43v] ---
[...ta] gêgêtun | saisine jrone pura | pinudhutan[264] sadaya tan ana kari | binêta mring kadhatyan ||
19. kyana patih sigra dèn timbali | lan sakèhe kang para punggawa | tênaya lawan mantrine | kinèn mêlbèng kadhatun | sampun pêpêk ngarsa nêrpati | lêkas dènnya kasukan | linarihan gupuh | asênggak sarta bêdhaya | suwaranya gamêlan munya angrangin | kadya kang wukir rêbah ||
20. mantri bêksa pan aganti-ganti | sami wuru nulya aluwaran | kocapa Sang Prabu Anèm | ingkang lalos ing dalu | mêlasarsa amung wong kalih | ngidul ngilèn lampahnya | tan ana jinujug | wus laju ing lampahira | manjing wona jurang ajro dèn margani | tanpa dhahar lan nedra ||
21. datan kandhêg dènira lumaris | êmbanira tansah tinakonan | milu êndi bapa kiye | êmbanira umatur | maksih tumut raka sang aji | laju ing lampahira | rahadyan andangu | bapa apa katon ika | sawo jajar têngah ara-ara radin | rahadyan rêmên mulat ||
22. nulya rayyan têngah kayu kalih | ingauban kang tansah winawang | rahadyan alon sêbdane | bapa sun rêmên dulu | kaya gunung patute iki | têngahe ara-ara | dinulu apatut | yèn mêngkono iku bapa | isun mandhêg bumi iki sun arani | iya ing Pajajaran ||
23. payo bapa dhêdhukuh ing ngriki | anandura sarta agagaa | apa kang dadi patute | pirangbara ing besuk | ana kang wong suka tut wuri | sêmona linêkasan [linêkas...]
--- [f. 44r] ---
[...an] | sampun anênandur | agaga sarta tatêgal | wowohane sêdhênge lagi ngêmohi | radyan asru kacaryan ||
24. wus mangkana nora kongsi lami | wus kawêntar sakèhe macapat | padha angrungu wartane | yèn gustine nèng ngriku | adhêdhukuh amung wong kalih | rewange êmbanira | kathah sami tumut | sadina-dina wong têka | padha gawa adagang bêras lan pari | wênèh adagang uyah ||
25. wong adagang saya akèh prapti | lajêng sami tumut agagriya | abanjaran pomahane | wêtara wolung èwu | wus arakit patut nagari | sampun gêmah raharja | sêmona cinatur | sakathahe kang ngawula | wus arêmbag anjunjung jumênêng aji | anèng ing Pajajaran ||
26. ingestrenan kang wus madêg aji | Prabu Anom Sang Arjakusuma | arja wingit karatone | apan sampun misuwur | ing macapat kang têpis iring | sami suyud sadaya | maring sang aprabu | miwah kang kawula loma | anèng Galuh pan sampun miyarsa warti | kerut ing Pajajaran ||
27. sampun gêmah arja kang nagari | kang kinarya pêpatih sang nata | anênggih wau êmbane | angrèhna punggawa gung | kyana patih ingkang tinari | bapa paran karsanya | panjênênganisun | pan ratu maksih kuciwa | durung krama wanodya kang ayu luwih | sinêbut ratu dhudha ||
28. isun bapa angrungu pawarti | wus kaloka putri ayu endah | ing Sundha pan nêgarane | bapa sira sun utus | anggawaa punggawa mantri | kyana patih tur sêmbah | sandika pukulun | wus mêdal sangking kadhatyan | sigra budhal ambêkta kang tandhu jali | tan kawarna ing marga ||
29. sampun prata ing Sundha [Su...]
--- [f. 44v] ---
[...ndha] nêgari | dyan pinudhut dhatêng ingkang rama | tan suwala ing ature | apan binêkta sampun | asring tinon anitih jali | ginarêbêg punggawa | wong Sundha kang têluk | patang èwu winatara | cacahing wong sadaya kang sami ngiring | prapta ing Pajajaran ||
30. kinèn lajêng lumêbêt ing puri | kyana patih lampahnya mêndhapan | tumanduk ngarsa sang natèng | caraka angsal kayun | têkap ingkang dêlingnya manis | sri nalendra amawang | sang putri kadulu | sang nata nulya tumêdhak | sigra mapag kang asta sigra kinanthi | pinarak dalêm pura ||
31. winangsulan carita ing nguni | putri sangking nagari ing Sundha | anênggih ing caritane | kagarwa Prabu Galuh | Wanènggada ingkang wêwangi | satêngah iku ora | garwane sang prabu | kang jumênêng Pajajaran | parêbutan pan sami lêrêse ugi | sami botên uninga ||
32. wus mêngkana sang sri narapati | Prabu Galuh amiyarsa warta | kang rayi jumênêng natèng | Pajajaran wus luguh[265] | sugih bala punggawa mantri | angêlar kang jajahan | kathah sami têluk | wong Galuh kathah suwita | sri nalendra kalangkung putêk kang galih | karsa anidakana ||
33. kyana patih sigra dèn timbali | praptèng ngarsa mabukuh luguhnya | sang nata pangandikane | mêpêka punggawa gung | sagamane sirèng ajurit | isun arsa tumindak | angrabasèng pupuh | kyana patih sigra mêdal | wus amêpêk punggawa mantri |[266] gêgaman wus gumêlar ||
34. sigra budhal sang sri narapati | ginarêbêg kang wadyabala |[267] marapit kanan kèrine | lêlayu umbul-umbul | kumrab ingkang gandera asri | sikêp tamèng [ta...]
--- [f. 45r] ---
[...mèng] lan pêdhang | jamparing lan tulup | yèn tinon sangking kadohan | warna-warna panganggène para mantri | kadya kang wukir sêkar ||
35. wus atêbah lampahe sang aji | pratèng[268] watês bumi Pajajaran | anulya baris kubênge | masanggrahan sang prabu | ganti ingkang winuwus malih | natèng ing Pajajaran | sineba wadya gung | kyana patih mugèng ngarsa | sri nalendra ngandika sabda amanis | bapa sira sun duta ||
36. andhustaa marang Nyi Satomi | iku bapa ingkang pêsthi kêna | anggawaa bala akèh | sun èstokkên ing laku | malah mandar oliha kardi | lan ingsun apratignya | yèn tulus ing laku | Ki Satomi pêsthi kêna | dadi tăndha yèn isun ugul[269] ing jurit | Satomi dadi jimat ||
37. bapa sira isun pituturi | sapa dadi ratu tanah Jawa | iya iku kang anduwe | dadi pusaka ratu | kyana patih wus nêmbah mijil | angundhangi wong Sundha | bêkta bala agung | wus budhal sangking nêgara | kyana patih samono miyarsa warti | sang nata sampun tindak ||
38. dyan ginêlêk lampahe wus prapti | nagri Galuh wayah sirêp jalma | rêkyana patih lêbune | Ki Satomi kadulu | kang rumêksa sami aguling | sigra pinarêpêkan | sanjata pinikul | dene jalma kalihdasa | nulya ngangkat kang jalma niba tan eling | ki patih sigra rêpa ||
39. Ki Satomi aja sira rutik[270] | sapuranên anak [ana...]
--- [f. 45v] ---
[...k] putunira | pan darma tumandang bae | karsane sang aprabu | pêkênira dèn andikani | kinarya pajimatan | dene sang aulun | kang sanjata sigra obah | gya rinămpa pinikul lampahnya ririh | sampun binakta mêdal ||
40. nora kandhêg lampahnya ki patih | wus atêbah sangking ing nêgara | sadalan-dalan têtakèn | ginêlêk lampahipun | pan sarundha samargi-margi | malah kirang panggonan | kathahe kang mikul | ki patih sampun kawarta | angsal karya yèn bêkta Nyai Satomi | sang nata langkung suka ||
41. sri nalêndra angandika aris | mantri gandhèk sira amapaga | egalêna[271] ing lakune | banjura mring kadhatun | mantri gandhèk lumajêng aglis | gandhèk tinundha-tundha | ki patih kapangguh | wus lajêng ing lampahira | praptèng pura sang nata duk aningali | suka jrone wardaya ||
42. kyana patih nêmbah matur aris | kangjêng raka paduka nalendra | wus tindak sagêgamane | masanggrahan ing ênu | pan karsanya ngantêp ing jurit | nêgari Pajajaran | karsanya ginêmpur | sri nalendra angandika | bapa patih undhangana bala mantri | saosa kang gêgaman ||
43. sira age bapa isun tuding | nindhihana sakèhing punggawa | dadia senapatine | wong Sundha patang èwu | iku kabèh gawanên jurit | lan uwong pêpilihan | gawaa rongèwu | isun pan nora tumindak | sira bae amapaga ing ajurit | yudane kakang êmas ||
44. kyana patih sigra atur pamit | gya sumungkêm ing padasira[272] [pa...]
--- [f. 46r] ---
[...dasira] sang | mangusape[273] ing lêbune | lèngsèr ngarsa sang prabu | pan ginêlak lampahe baris | datan winarnèng marga | kasaput ing dalu | ing Galuh ingkang winarna | byar raina sênjata kapanggih sêpi | tan ana kang uninga ||
45. mantri saos sadaya anangis | wus angrasa yèn dadi kêthokan | parêngmbagan[274] sakancane | sigra putusan sampun | gêgancangan lampahe mantri | anusul sri nalendra | lampahe agupuh | anjujug ing pasanggrahan | gya tumanduk ing ngarsanira sang aji | mabukuh linggihira ||
46. abdi dalêm atur pati urip | sami tiwas ingkang baurêksa | tan uninga ing icale | musna kala ing dalu | kang kagungan Kyai Satomi | sri nalendra miyarsa | kyagat[275] jrone kalbu | bramêtya sri naranata | wus anduga yèn karsane ingkang rayi | darmane kang kagonan[276] ||
1 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
2 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
3 | Tanggal: Sêlasa (Slasa) tigalikur (23) Ramêlan (Pasa) Eje (Je): sukci kadya pandhitaning nata (AJ 1734). Tanggal Masehi: Selasa 24 November 1807. (kembali) |
4 | jêjogedan. (kembali) |
5 | joli (dan di tempat lain). (kembali) |
6 | ngrêmbat. (kembali) |
7 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
8 | dintên. (kembali) |
9 | munggèng (dan di tempat lain). (kembali) |
10 | mangke (dan di tempat lain). (kembali) |
11 | alit. (kembali) |
12 | ingkang (dan di tempat lain). (kembali) |
13 | punggawa (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
14 | saèstu. (kembali) |
15 | Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
16 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
17 | langkung (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
18 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
19 | satunggil (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
20 | mêranggu (dan di tempat lain). (kembali) |
21 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
22 | Tanggal: Jumuwah (Jumungah) sawêlas (11) Rabiulakir (Rabingulakir) Alip: sèwu pitungatus tigangdasa sanga (AJ 1739). Tanggal Masehi: Jumat 24 April 1812. (kembali) |
23 | Biasanya guru lagu i: mangkin. (kembali) |
24 | Kurang satu suku kata: ajêjuluk Hyang Nurasa. (kembali) |
25 | Sang (dan di tempat lain). (kembali) |
26 | Lebih satu suku kata: wuragile Ni Dèwi Sri. (kembali) |
27 | Kurang satu suku kata: ênêngêna ing sakala. (kembali) |
28 | Variasi: anèng (dan di tempat lain). (kembali) |
29 | Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
30 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
31 | Kurang satu suku kata: warnanya wênês araras. (kembali) |
32 | Sang Yyang (dan di tempat lain). (kembali) |
33 | angger. (kembali) |
34 | Bêthara (dan di tempat lain). (kembali) |
35 | Kurang satu suku kata: Bêthara Wisnu wus mangkat. (kembali) |
36 | kèngkèn (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
37 | Kurang satu suku kata: ênêngêna mangke Sang Yyang Girinata. (kembali) |
38 | Lebih satu suku kata: Dèwi Sinta mênêng duk krasa ing nala. (kembali) |
39 | ngrêregoni. (kembali) |
40 | dadya. (kembali) |
41 | tinutugakên. (kembali) |
42 | Kurang satu suku kata: yèn sadulur sabibi. (kembali) |
43 | Lebih satu suku kata: mênawa dewa syarga di. (kembali) |
44 | Kurang satu suku kata: minggah ing syarga adi. (kembali) |
45 | Lebih satu suku kata: wus ingutusan minggah marang kasyargan. (kembali) |
46 | widadari. (kembali) |
47 | Kurang satu suku kata: sakathahe widadari. (kembali) |
48 | kagegeran. (kembali) |
49 | wawêlêk (dan di tempat lain). (kembali) |
50 | Kurang satu suku kata: salamine ing syarga datan mêngkana. (kembali) |
51 | tintrim (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
52 | Kurang satu suku kata: para dewa atintrim. (kembali) |
53 | Kurang satu suku kata: dede jalma alit-alit. (kembali) |
54 | Kurang satu suku kata: lamun suka lah dèn turunana inggal. (kembali) |
55 | Lebih satu suku kata: sakèhe pra juwata. (kembali) |
56 | Kurang satu suku kata: pan sakathahe kasêktèning dewata. (kembali) |
57 | Kurang satu suku kata: angandika mangke Sang Yyang Girinata. (kembali) |
58 | Kurang satu suku kata: lawan lungguha. (kembali) |
59 | Kurang satu suku kata: Bêthara Wisnu kapanggih. (kembali) |
60 | Kurang satu suku kata: dening Sang Yyang Pramèsthi. (kembali) |
61 | Lebih satu suku kata: sadaya kinona. (kembali) |
62 | Lebih satu suku kata: sadaya dyan têka pati. (kembali) |
63 | Lebih satu suku kata: pra puniku marganira duk kadukan. (kembali) |
64 | pêksi. (kembali) |
65 | Kurang satu suku kata: ênêngêna kang lagyarsa mulih. (kembali) |
66 | Kurang satu suku kata: nulya ngobong mênyan sakêlapa. (kembali) |
67 | Kurang satu suku kata: tan nyana yèn ingkang putra. (kembali) |
68 | Kurang satu suku kata: lagi pira ingsun tilar yayi. (kembali) |
69 | rêsmi. (kembali) |
70 | Kurang dua suku kata: dika ingkang katambêtan. (kembali) |
71 | nyidhang. (kembali) |
72 | Kurang satu suku kata: yèn lanang aranana Srigati. (kembali) |
73 | Kurang satu suku kata: Dyan Srigati atanya aris. (kembali) |
74 | Kurang satu suku kata: angatingala rupane. (kembali) |
75 | tuhu. (kembali) |
76 | pirabara. (kembali) |
77 | Lebih satu suku kata: Radèn Srigati mêksa. (kembali) |
78 | Lebih satu suku kata: ibunira asru mêmalangi. (kembali) |
79 | Bathara. (kembali) |
80 | Kurang satu suku kata: sigra Bathara Wisnu. (kembali) |
81 | katungkul. (kembali) |
82 | Kurang satu suku kata: yèn anyata kawula puniki. (kembali) |
83 | Lebih satu suku kata: na rare bagus warnane. (kembali) |
84 | Kurang satu suku kata: warnane yèn ingkang putra. (kembali) |
85 | Kurang satu suku kata: kawula datan nyana. (kembali) |
86 | Lebih tiga suku kata: lagi sinarwe sira puniki. (kembali) |
87 | kewraning. (kembali) |
88 | Kurang satu suku kata: Sang Nrêrada èsmu kewran ingkang galih. (kembali) |
89 | Si. (kembali) |
90 | Kurang satu suku kata: pan asuwe nora nana prapti. (kembali) |
91 | Kurang satu suku kata: ênggone ayogya dhewe. (kembali) |
92 | Kurang satu suku kata: Uwot Si Ogal-agil. (kembali) |
93 | Kurang satu suku kata: sakêdhap wus prapta age. (kembali) |
94 | Kurang satu suku kata: maring ngayunanipun. (kembali) |
95 | Lebih satu suku kata: duknya linggih ing wurinèki. (kembali) |
96 | Kurang satu suku kata: saking kathil sakalangkung dening runtik. (kembali) |
97 | Lebih satu suku kata: sun gawe tawur ing swarga benjing. (kembali) |
98 | Lebih satu suku kata: lan malih yèn ulun mênang jurit. (kembali) |
99 | Kurang satu suku kata: pasthi saanak rabine. (kembali) |
100 | Lebih satu suku kata: yèn dede lan nak kawula. (kembali) |
101 | Kurang satu suku kata: Sang Yang Nêrada anulya bali. (kembali) |
102 | Kurang satu suku kata: Sang Yyang Guru apan mêthotholi. (kembali) |
103 | lêhêng. (kembali) |
104 | Lebih satu suku kata: tigang dasa kirang stunggal. (kembali) |
105 | Kurang satu suku kata: sapa sira angucap datan kaeksi. (kembali) |
106 | dewane. (kembali) |
107 | Kurang satu suku kata: yèn sira dudu dewane. (kembali) |
108 | Kurang satu suku kata: krasa kagêm ing asta kêkalih. (kembali) |
109 | mêngko (dan di tempat lain). (kembali) |
110 | Lebih satu suku kata: durung ulap ingsun ningali. (kembali) |
111 | Kurang satu suku kata: suwarga duwèk ingwang. (kembali) |
112 | Lebih satu suku kata: nora malang tumêka ing pêjah. (kembali) |
113 | Kurang satu suku kata: bêbantahirèku. (kembali) |
114 | Kurang satu suku kata: nulya ngucap adhakah awohe dhikih. (kembali) |
115 | Kurang satu suku kata: dhikih wohe adhakah. (kembali) |
116 | Lebih satu suku kata: yèn wus entuk wênang Yang Pramèsthi. (kembali) |
117 | Srigati. (kembali) |
118 | Kurang satu suku kata: ingkang dipun bantahakên. (kembali) |
119 | mung. (kembali) |
120 | Kurang satu suku kata: mung kula lawan dhèwèke. (kembali) |
121 | Kurang tiga suku kata: kang adhakah yayi awohe adhikih. (kembali) |
122 | Lebih satu suku kata: ecanipun kula kawruhi. (kembali) |
123 | Kurang satu suku kata: luput pati lan sakèhe braja. (kembali) |
124 | Kurang tiga suku kata: iya yèn sinêmpal-sêmpal pinêdhati. (kembali) |
125 | mirsa. (kembali) |
126 | Kurang satu suku kata: ya ta mirsa Rahadèn Srigati. (kembali) |
127 | Kurang satu suku kata: nulya age ing mêtune. (kembali) |
128 | Kurang satu suku kata: ênêngna Sang Selaarga. (kembali) |
129 | Yyang. (kembali) |
130 | angalahkên. (kembali) |
131 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
132 | yogyanipun. (kembali) |
133 | Kurang satu suku kata: dewa iya mung sira. (kembali) |
134 | Lebih satu suku kata: ingkang layak nadhahi sakarsanipun. (kembali) |
135 | Kurang satu suku kata: Bêthara Wisnu uninga. (kembali) |
136 | siwi. (kembali) |
137 | Lebih satu suku kata: Bêthara Surya lan Sang Yang Basuki. (kembali) |
138 | anindhihi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
139 | Lebih satu suku kata: dhikih awoh adhakah. (kembali) |
140 | Mraja. (kembali) |
141 | Kurang satu suku kata: dèn prayitna Maraja Selaardi. (kembali) |
142 | pinêdhati. (kembali) |
143 | Kurang satu suku kata: ênêngêna kang kawuwus. (kembali) |
144 | Lebih satu suku kata: wau sagênuk-gênuk gih kang prapti. (kembali) |
145 | Lebih satu suku kata: pa kang dadi tangisira. (kembali) |
146 | Lebih satu suku kata: pitung dina tan ana warta malih. (kembali) |
147 | munggah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
148 | dene. (kembali) |
149 | Yang. (kembali) |
150 | Lebih satu suku kata: anglampahi ing pasthinipun jangji. (kembali) |
151 | Lebih satu suku kata: manggih urip kang langgêng nèng suwarga gung. (kembali) |
152 | Lebih dua suku kata: kang rumiyin tiyang minggah swarga di. (kembali) |
153 | myang (dan di tempat lain). (kembali) |
154 | lênggana. (kembali) |
155 | rinasan. (kembali) |
156 | sanunggal (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
157 | Lebih satu suku kata: sabên Dite Paing ika miwiti. (kembali) |
158 | Tolu. (kembali) |
159 | Warigalit. (kembali) |
160 | Biasanya guru lagu i: Marakih. (kembali) |
161 | Maktal. (kembali) |
162 | Kuruwêlut sudah disebut pada bait 39.7, mungkin maksudnya Dhukut. (kembali) |
163 | Kurang satu suku kata: Kulawu puniku lawan Kuruwêlut. (kembali) |
164 | Kurang satu suku kata: arèning ing pêndhak Ngahad. (kembali) |
165 | Manomanasa. (kembali) |
166 | Lebih satu suku kata: Manumasa pêputra. (kembali) |
167 | Komentar: Ramawidura (Yamawidura) seharusnya anak ragilnya Begawan Abiyasa, panggulunya itu Radèn Pandhudewanata. (kembali) |
168 | Yamawidura. (kembali) |
169 | Kurang satu suku kata: Pandhu pêputra lêlima. (kembali) |
170 | Kurang satu suku kata: panêngahe Pandhawèki. (kembali) |
171 | Lebih satu suku kata: Prabu Parikêsit sunu. (kembali) |
172 | Kurang satu suku kata: kang awasta Gêndrayana. (kembali) |
173 | Kurang satu suku kata: Kusuma apêputra. (kembali) |
174 | Kurang satu suku kata: Anglingdriya ing wastane. (kembali) |
175 | Kurang empat suku kata: Anglingdriya apêputra. (kembali) |
176 | pambanyunnya. (kembali) |
177 | karêmane. (kembali) |
178 | panggulunya. (kembali) |
179 | pambayunnya. (kembali) |
180 | Kurang satu suku kata: wawênglêk agêng kalangkung. (kembali) |
181 | Kurang satu suku kata: yèn siyang datanpa dhahar. (kembali) |
182 | Kurang satu suku kata: agampil ing sirnanipun. (kembali) |
183 | Kurang satu suku kata: bêcik ingsun lampahana. (kembali) |
184 | kinêlêm. (kembali) |
185 | Kurang satu suku kata: baruwang kalawan racun. (kembali) |
186 | Lebih satu suku kata: binuwang luhur bangsal. (kembali) |
187 | pinêndhêm. (kembali) |
188 | Kurang satu suku kata: karsa pinêndhêm waras. (kembali) |
189 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
190 | Kurang satu suku kata: kaya têrahe kusuma. (kembali) |
191 | ni. (kembali) |
192 | Variasi: nulya (dan di tempat lain). (kembali) |
193 | tanpa. (kembali) |
194 | amingkrang. (kembali) |
195 | mencok. (kembali) |
196 | Komentar: cerita Ciungwênara dalam naskah ini ada dua versi. Pada versi kedua nama yang digunakan adalah Siyungwênara (Pupuh 13.1). (kembali) |
197 | Pajajaran. (kembali) |
198 | anjujug (dan di tempat lain). (kembali) |
199 | Lebih satu suku kata: pun kulup pênêd andika tilar. (kembali) |
200 | Lebih satu suku kata: Ciyungwanara atakèn apa iki. (kembali) |
201 | iku (dan di tempat lain). (kembali) |
202 | ênêngêna. (kembali) |
203 | Lebih satu suku kata: Ciyungwênara pinênggak kudu mêksa. (kembali) |
204 | tontonan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
205 | Sitinggil (dan di tempat lain). (kembali) |
206 | Lebih satu suku kata: dening anglêluwihi. (kembali) |
207 | Lebih satu suku kata: pun pandhe amlasarsa. (kembali) |
208 | lah aran. (kembali) |
209 | Lebih satu suku kata: sampun dados têrsna. (kembali) |
210 | rêsêp. (kembali) |
211 | lêlinggih (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
212 | pêpatih. (kembali) |
213 | Variasi: kunjara. (kembali) |
214 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
215 | kumitir. (kembali) |
216 | enjing (dan di tempat lain). (kembali) |
217 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
218 | wong. (kembali) |
219 | ngarsaning. (kembali) |
220 | nendra (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
221 | laju. (kembali) |
222 | mirsakkên. (kembali) |
223 | Kurang satu suku kata: anênêdha marang dewa. (kembali) |
224 | Kurang satu suku kata: kang rinaksa parayangan. (kembali) |
225 | endah. (kembali) |
226 | Kurang satu suku kata: warnane ayu endah. (kembali) |
227 | sajroning (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
228 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
229 | anunggu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 3.1.2). (kembali) |
230 | Bandingkan: Ki Satomi sun atêdah (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 3.1.7). (kembali) |
231 | mentara. (kembali) |
232 | pangalapan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 3.6.4). (kembali) |
233 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: iki goning pangalapan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 3.6.4). (kembali) |
234 | ambodhokakên. Bandingkan: abodhokakên [ambodhokakên] (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 3.7.1). (kembali) |
235 | anglêrêsi. Bandingkan: ngalêrêsi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 3.8.1). (kembali) |
236 | prapta (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 3.8.5). (kembali) |
237 | ingwang (dan di tempat lain). (kembali) |
238 | gandhèk. (kembali) |
239 | anunjang-nunjang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
240 | lumaku. (kembali) |
241 | Kurang satu suku kata: sing alon dika lumaku. (kembali) |
242 | konjêm (dan di tempat lain). (kembali) |
243 | nungkêmi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
244 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
245 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu u. Bandingkan: muliha marang wismamu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 3.20.6). (kembali) |
246 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
247 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
248 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
249 | nalendra (dan di tempat lain). (kembali) |
250 | Kurang satu suku kata: dina sira gugahana. (kembali) |
251 | ingangkat. (kembali) |
252 | amba. (kembali) |
253 | boyong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
254 | Lebih satu suku kata: jêjêl ing ngalun-alun. (kembali) |
255 | sungkawa (dan di tempat lain). (kembali) |
256 | Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
257 | ibunira. (kembali) |
258 | mumbul (dan di tempat lain). (kembali) |
259 | pitungkas (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
260 | nindaki (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
261 | sri. (kembali) |
262 | siningkiran. (kembali) |
263 | lolos (dan di tempat lain). (kembali) |
264 | pinundhutan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
265 | lungguh (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
266 | Kurang tiga suku kata: wus amêpêk sakèhing punggawa mantri. (kembali) |
267 | Kurang satu suku kata: ginarêbêg ingkang wadyabala. (kembali) |
268 | praptèng (dan di tempat lain). (kembali) |
269 | unggul (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
270 | runtik (dan di tempat lain). (kembali) |
271 | enggalêna (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
272 | padanira. (kembali) |
273 | mangusapi. (kembali) |
274 | parêmbagan. (kembali) |
275 | kagyat. (kembali) |
276 | kanggonan (dan di tempat lain). (kembali) |