Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 010–023)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 46r lanjutan] ---
10. Durma
1. wus anêmbang têngara mapag ing yuda | bubar sakèhe baris | kêndhang gong sauran | awor kricike watang | kadya udan sinamèni | bala sumahab | sami arêbut dhingin ||
2. cucuking prang kapanggih ayu-ayunan[1] | takon-tinakon sami | gaman ngêndi sira | angadhang ana marga | abalia dipun aglis | sira sun eman | balanira akêdhik ||
3. sinauran isun iki wong ing Sundha | karsane sri bupati | natèng Pajajaran | amapag lakunira | sagêndhinge ing ajurit | isun apanggah | nora sadya gumisir ||
4. anêrajang bala Galuh ngamuk rampak | ta ana ngucap ajrih | bala Pajajaran | panggah sudirèng yuda | wus samya
--- [f. 46v] ---
bêdhil-binêdhil | tumbak-tinumbak | wênèh asalin kêris ||
5. ramening prang kadya gabah ingintêran | akathah ingkang kanin | kathah ingkang pêjah | bala pating sulayah | wangkene susun atindhih | prajuritira | akathah ingkang mati ||
6. wong ing Sundha pangamuke kadi yaksa | lir buta olih daging | nunjang parampogan | ingkang panggah kabranan | anuduk sarta ngakahi | jăngga tinigas | bau manguwir-uwir ||
7. wus kalindhih prajurit Galuh kèh pêjah | lumayu niba tangi | anusup ing wongna[2] | wênèh ngusi[3] ing jurang | pati-pati babêntusi | kagubêd tanjang | ana kabêntus curi ||
8. kawarnaa bala Galuh kang lumajar | sasisane kang mati | asrah babokokan[4] | kathah kang têluk pisan | kang upêtan[5] ing wanadri | sewang-sewangan | padha angusi urip ||
9. palayune nimpang sangking ing dêdalan | sambate andrawili | kang bujung akathah | saparan cinêgatan | kapêrgok kadhangan kali | anulya nabrang | prapta sabranging kali ||
10. kang abujung pan sami kandhêg sadaya | kocapa sri bupati | kalangkung mirangnya | lalos lan êmbanira | tan arsa mantuk nagari | kalunta-lunta | anênggih sri bupati ||
11. milanipun tan karsa kodur[6] mring pura | apan wus mirsa wangsit | ngalih Pajajaran | pinasthi de Yang Suma[7] | lan sanjata Ki Satomi | apan wus kêna | Pajajaran kang pasthi ||
12. sri nalendra lampahe angidul [angi...]
--- [f. 47r] ---
[...dul] ngetan | lan êmban mung wong kalih | mundur wadya Sundha | sami bêkta banangan[8] | wong Sundha asuka ênting | katur sang nata | jalma bokokan sami ||
13. sampun katur kang raka lalos kewala | langkung suka sang aji | wus kinèn boyonga | nagri Galuh punika | para mantri anglampahi | rajabêrana | saisine ing puri ||
14. ênêngêna sang nata ing Pajajaran | natèng Galuh winarni | langkung kawlasarsa | angambah wonawasa | lan êmban namung wong kalih | egaling lampah | kèndêl prapta pasisir ||
15. sampun lajêng sang nata lampahe egal | prapta Nuswatêmbini | lajêng lampahira | banira tinakonan | kabawah Nuswatêmbini | lajêng lampahnya | datan kandhêg lumaris ||
16. ngalor ngetan lampahira sri nalendra | andukap[9] siti radin | ana wong katingal | dhingkul-dhingkul ing lamah | sang nata nulya marani | lan êmbanira | prapta tinakon aglis ||
17. rika iku apa paman gawenira | dhingkul-dhingkul nèng siti | sumaur kawula | inggih adamêl bata | ingabong[10] punika abrit | langkung prayoga | dinamêl wisma bêcik ||
18. jêngandika agèr[11] pundi kang pinăngka | tambêt kula puniki | sang nata ngandika | isun pan wong idêran | anurut kajênge ngati | nora karuwan | isun milu sirèki ||
19. aturira wong tuwa kang gawe bata | agèr igih[12] suwawi | sang nata ngandika | bapa payo tatruka | padha milu nyithak siti | ginawe wisma | iku luwih abêcik ||
--- [f. 47v] ---
20. sampun damêl sang nata lan êmbanira | sampun kathah kang dadi | nulya damêl wisma | rinakit padalêman | pêthetan dinulu asri | toyanya minggah | kacaryan kang ningali ||
21. wus misuwur macapat kang têbah-têbah | sabên dina anggili | tumut adhêdhêkah | sabên dina wong têka | pan sampun dadi nêgari | gêmah mah raharja |[13] karta ingkang nagari ||
22. sri nalendra angandika mring kang êmban | bapa isun tingali | wis dadi nêgara | gêmah arja akêrta | ing mêngko isun arani | ya ing Jakêrta | wastane kang nêgari ||
23. isun mêngko bapa arsa madêg nata | sira undhangna aglis | kabèh kancanira | pêpêka pagêlaran | sadaya dipun undhangi | andhèr paglaran | sang nata sigra mijil ||
24. wus pinarak dhêdhapar[14] kathil kancona | sigra êmban ngudhangi[15] | padha èstokêna | mêngko jumênêng nata | amrentah ing nuswa bumi | sampun ngestrenan | ingkang jumênêng aji ||
25. pan wus karta pan nêgari ing Jakêrta | êmban kang dadi patih | angrèhna punggawa | sami suyud sadaya | kèdhêp marang kyana patih | dadi prentahnya | ênêngêna rumiyin ||
26. kang winarna nênggih [nêng...]
--- [f. 48r] ---
[...gih] Ratu Pajajaran | lagi jumênêng aji | amukti wibawa | nêgaranira karta | sêmona surud sang aji | putra gumantya | parentahnya lir gêndhis ||
11. Dhandhanggula
1. prabu anom wus jumênêng aji | wus akrama anulya pêputra | Mundhingsari ing wêstane | Mundhingsari sêsunu | ingkang nama Sang Mundhingwangi | Mundhingwangi pêputra | kang jumênêng ratu | mungkasi ing Pajajaran | Natadipa[16] wêstane sri narapati | putranira sakawan ||
2. ingkang jalu pan namung kêkalih | ingkang sêpuh wêsta Arya Bangah | anênggih wau kang anèm | wasta Radèn Sêsuruh | pan wanodya ingkang kêkalih | putrane sri nalendra | sami ayu-ayu | putra èstri ingkang tuwa | datan arsa pinaksa krama tan apti | dinukan dene rama ||
3. kesah tapa Ardi Kombang sigih[17] | wus alama asru sêktinira | angraga sukma badane | bisa anom asêpuh | rupa jalu pan wus angênting | ari malih wanodya | kathah sakitipun | bisu tan bisa angucap | langkung merang wau kang rama sang aji | binucal ingkang putra ||
4. anèng pulo ing Undrus anênggih | kang pinupu marang ing Wêlănda | mila katêlah ing mangke | wong Kumpêni puniku | ingkang wontên ing tanah Jawi | kèringan para nata | ing Jawa sêdarum | kathah pukul ratu sabrang | datan wontên ingkang malang mring Kumpêni | alulus jênêngira ||
5. ya ta sampunya alami-lami | sang suputri apan sampun seda | Kumpêni èmêng manahe | nênggih panggenanipun | anyarèkna dhatêng sang putri | wontên pulo satugal[18] | prayoga gèn kubur | cinandhi kinarya jimat | ingaranan punika ing pulo Putri | yèn ana wong
--- [f. 48v] ---
adagang ||
6. layar anjêjêgi pulo Putri | mapan sami angaturi sêmbah | angalap tulus lakune | ingkang satêngahipun | datan mawi ngaturi bêkti | kocapa sri nalendra | sineba para rum | sakèhe ingkang pawongan | pan dinangu wartane ajar sinêkti | sami matur sadaya ||
7. ing sang nata sarêng awotsari | wartinipun ki ajar punika | kalangkung dene sêktine | mandi sasêbdanipun | abdi dalêm gusti ing Jawi | sami gugung[19] sadaya | langkung sêktinipun | sri nalendra angandika | bocah gandhèk timbalana si apatih | kang kinon atur sêmbah ||
8. dyan lumajêng kang kinon nimbali | sigra prapta dalêm kapatihan | dhawuhakên timbalane | kyana patih agupuh | sigra dadan[20] nulya lumaris | tan winarna ing marga | prapta jro kadhaton |[21] cumundhuk ngarsa sang nata | kyana patih mukane kèjêm[22] ing siti | sang prabu angandika ||
9. mulane sira ingsun timbali | ingsun mêngko angrungu pawarta | ajar kaliwat sêktine | bapa sira sun utus | angyêktèni ajar kang sêkti | lan sira anggawaa | ing sêngkêran ingsun | kang aran Nini Sumêkar | misih kênya pan durung sun cakramani[23] | lagi birai kêmbang ||
10. sri nalendra angandika aris | timbalana sêsêngkêran ingwang | Si Sumêkar dipun age | prapta ngarsa sang prabu | lan amundhut sutra kang adi | lawan bokor kancana | binêbêdkên sampun | maya-maya lir wêngtêngan[24] | yèn sinawang kadya bobot tigang sasi | ingkang botên uninga ||
11. wis gawanên marang ajar aglis | atakona babot[25] apa ora | lan apa jabang bayine | dèn badhea satuhu | ing dadine
--- [f. 49r][26] ---
iku ing ngenjing | yèn nyata iku was |[27] nyata yèn linuwung | yèn ora bisa badhea | ajar iku nyata yèn dora sayêkti | ajar patut rinuwat ||
12. sri nalendra angandika aris | bapa patih sira mangkata |[28] anggawaa bala akèh | yèn sira têka gunung | wadyanira aja tut wuri | tinggalên ana jaba | ayya na tut pungkur | sira bae lan Sumêkar | kang munggaha ajana ingkang baribin | ki patih atur sêmbah ||
13. lèngsèr sangking ngarsane sang aji | kyana patih lawan Ni Sumêkar | prapta ing jawi lampahe | kyana patih agupuh | Ni Sumêkar anitih joli | ginapabêg[29] ing bala | patih mugèng pukur[30] | wus nabrang Kali Sumiyah | wus atêbah lampahe sangking nagari | gênti kang cinarita ||
14. pan ki ajar nênggih ingkang winarni |[31] lagya lênggah adhepok pratapan | ingadhêp dene cantrike | ki ajar alon muwus | marang cantrik asêmu wingit | padha têtêbahana | mêngko ana tamu | tur utusane sang nata | ingkang[32] garwa kang badhe rawuh ing ngriki | ambabar kang kêlasa ||
15. ingkang lumampah pan sampun prapti | kyana patih lawan Ni Sumêkar | sukuning arga pêrnahe | kang bala kabèh kantun | pan tinilar sukuning ardi | kyana patih wus minggah | prapta dhepokipun | ki ajar sigra tumêdhak | matur alon nah anggèr kula aturi | pinaraka kalihan ||
16. kyana patih angandika aris | lakuningsun iki pan dinuta | ing kangjêng gusti sang natèng | ingsun kinèn andangu | marang sira ingkang sayêkti | pan sira wus kaloka | asêkti pinunjul | barang kang pinasthi dadya [da...]
--- [f. 49v] ---
[...dya] | milanipun sang aji karsa yêktèni | ing sidik pêkênira ||
17. lawan iki garwane sang aji | kinon badhe marang pêkênira | apa ta jabang bayine | wadon utawi jalu | lah badhenên ingkang sayêkti | lan aja wêdi sira | badhenên satuhu | ki ajar sigra angucap | èstu wawrat mangke sampun tigang sasi | benjing ababar lanang ||
18. warnanira tuhu lamun pêkik | lawan malih sêkti măndraguna | tanpa tandhing sapadhane | sarupa lan sang prabu | inggih sangking sêda[33] nêrpati | punika atur kula | ing kangjêng sang prabu | kyana patih angandika | apa têmên ujarira iku yêkti | ki ajar alon ngucap ||
19. botên wontên ujar kaping kalih | ujar pisan sapisan kewala | patih ngucap jro nalane | nora kaduga ingsun | ajar iki ingsun arani | wong muthangthang muthangkrak | lumaku ginunggung | bakor[34] dèn sêngguh wêtêngan | saujare ngawur kabèh sun arani | kyana patih ngandika ||
20. yèn mêngkono ajar ingsun pamit | akaria ingsun nuli mangkat | dèn arsa-arsa sang natèng | tumurun sangking gunung | pan ginêlak dènnya lumaris | prapta têngahing wona | Ni Sumêkar wau | angrasa gêrah auyang | prapta lèpèn [lè...]
--- [f. 50r] ---
[...pèn] tumingal toyanya wêning | Ni Sumêkar angucap ||
21. kakang patih dawêg lèrèn ngriki | kula ajêng asiram sakêdhap | andhêgêna ing lampahe | sigra ki patih wau | angundhangi ing bala alit | padha sira suminggah | sang rêtna ing ngayun | pan arsa siram sadhela | Ni Gumêkar[35] sigra têdhak sangking joli | kalawan êmbanira ||
22. sapraptane ing pinggir kali |[36] Ni Sumêkar anulya asiram | cinuculan ing sinjange | kagèt sira andulu | bêbêd sutra datan kaèksi | bakor kancana musna | tyasira gagêtun | angrasa yèn sampun wawrat | tiningalan wayah wawrat tigang sasi | Ni Sumêkar karuna ||
23. Ni Sumêkar sigra tutur aglis | kakang patih rika tingalana | nyata mandi ing sabdane | ki patih sigra dulu | Ni Sumêkar pinandêng liring | sarwi atêbah jaja | tyasira gagêtun | baya wus karsane dewa | kyana patih laju dènira lumaris | prapta jawine kitha ||
24. sri narendra sêmona tinangkil | pêpêk kabèh kang para punggawa | jêjêl anèng ing ngarsane | angandika sang prabu | mring sakèhe punggawa mantri | si patih dene lawas | kang dinangu
--- [f. 50v] ---
matur | kados wêtawis kawula | mila lami pun patih ngiringkên èstri | mila rêmbên kang lampah ||
25. samya kagèt gègère ing jawi | duk praptane ki rêkyana patya | sigra-sigra ing lampahe | cundhuk ngarsa sang prabu | kyana patih komjêm[37] ing siti | matur sarwi anêmbah | ămba utus sampun | adangu ajar pratapa | karsa dalêm ambadhea kang sayêkti | dhatêng Nini Sumêkar ||
26. aturipun pun ajar ing nguni | inggih lêrês yèn punika wawrat | wayah ing tigang sasine | binadhe mêdal jalu | wêrnanipun tuhu apêkik | tur sêkti măndraguna | sarupa sang prabu | benjing gumanti sang nata | sri narendra gumujêng suka kang galih | mirsakkên aturira ||
27. yèn mangkono iku sun arani | ajar goroh sada[38] sugih mamar | bêbakor ingkang binadhe | wong lumaku ginunggung | kyana patih umatur aris | gusti sampun aduka | kawula umatur | Ni Sumêkar èstu wawrat | pan wayahe sêdhêng wawrat tigang sasi | sangking sêbdaning ajar ||
28. kawêwahan sêbdaning nêrpati | nora kêna yèn wali-walia | pan ratu mandi sabdane | sabda pandhita ratu | nora [no...]
--- [f. 51r] ---
[...ra] êna[39] awali-wali | tan wênang ujar cidra | pasthi yèn tinêmu | Ni Sumêkar pinariksa | èstu lêrês ature ajar ing nguni | sri nata langkung duka ||
29. saya kagagas sajroning galih | tan rumăngsa yèn agawe cidra | kalulun bêndune bae | mangkana sang aprabu | angandika marang ki patih | kinon nêmbang têngara | ingundhangan sampun | sang prabu asalah tămpa | ajar ika pan karsa dipun tindaki | tan arsa yèn mundura ||
12. Durma
1. kang kocapa Sri Naranata Pajajaran |[40] budhal sangking nêgari | kang bala sumahab | gajah jaran samêtya | kêbat lampahe sang aji | anolya prapta | kandhêg sukuning ardi ||
2. ênêngêna lampahe sri naranata | ki ajar kang winarni | trus paningalira | sidik ingkang pangucap | barang kang cinipta dadi | apan ki ajar | dèn idhêp dening cantrik ||
3. duk sêmona ki ajar nèng dhepokira | sineba dening cantrik | ki ajar ngandika | dhatêng ing cantrikira | padha sira ngati-ati | mêngko mèh prapta | bakal ana bilai ||
4. wruhanira sang nata ing Pajajaran [Pajajara...]
--- [f. 51v] ---
[...n] | ingkang arsa matèni | angruwat maringwang | sapa kang milu pêjah | cantrik kabèh saur paksi | inggih kawula | ingkang tumut ngêmasi ||
5. wus tarima prasasanira[41] maringwang | baya uwis pinasthi | karsane ing dewa | nora kêna gingsira | lan mêngko iku sang aji | uwis tumindak | lagi ana ing margi ||
6. kyai ajar kang tansah apagunêman | marang sakèhing cantrik | anèng ing pratapan | sampun sami sadiya[42] | sanggare wus dèn rêsiki | marang ki ajar | kasaru sri bupati ||
7. praptanira sang nata tan mawi bala | tan ana kang tut wuri | amung kyana patya | ingkang tan kêna têbah | angandika sang bupati | marang ki ajar | dêlêngên apa iki ||
8. aturira ki ajar punika marga | ngandika sri bupati | tamakêna ajar | gumuyu latah-latah | karsanira sri bupati | tiba ing jaja | măngsa iku nêdhasi ||
9. pan kèmêngan sri narendra angandika | apa sun go matèni | ajar marang sira | ki ajar nulya ngucap | dèn sabar gusti nêrpati | matèni mringwang | patrêm ingsun pribadi ||
10. anèng langgar patrêm buntung pan sêmêlap | nulya pinundhut aglis | ginoco ki ajar | pasah sampun palastra | angandika sri bupati | cantrik sun tanya | sapa kang milu mati ||
11. aturira ki cantrik amung têtiga | inggih kang tumut mati | sang nata ngandika | patih sira belakna | kyana patih nulya aglis | cantrik têtiga | ganocèbèng[43] [ga...]
--- [f. 52r][44] ---
[...nocèbèng] ngêmasi ||
12. sri nalendra aris dènira ngandika | marang rêkyana patih | sira takonana | mungguh patining ajar | pun cantrik umatur aris | inggih sang nata | punika dipun bêsmi ||
13. angandika sang nata mring kyana patya | sira mundhuta aglis | kayu lawan lênga | patih sampun sêdiya | sinulêd gênine dadi | arsa ingabong |[45] musna datan kaèksi ||
14. saicale ki ajar ana suwara | kapirsa ing sang aji | unine suwara | alah iya sang nata | besuk isun amalêsi | marang ing sira | yèn Si Sumêkar lair ||
15. dèn prayitna ingsun malês marang sira | sang nata ngandika ris | sakarêpmu ajar | katêmu ngêndi sira | besuk wani mêngko wani | sang nata bubar | kodur rawuh nêgari ||
16. kawarnaa sang nata kala sêmona | animbali ki patih | wus prapta ngajêngan | sang nata angandika | sira patih dèn pakeling | Sumêkar babar | patènana dèn aglis ||
17. sampun mundur ki patih sangking ngajêngan | Sumêkar kang dèn iring | marang kapatihan | kang kinon rumêksaa | sêmona sampun alami | dhatêng sêmaya | sang jabang bayi lair ||
18. tur uninga ki patih dhatêng sang nata | wawratan sampun lair | jalu warna pelak | sami kalih sang nata | angandika sri bupati | lah patènana | upas lan darukbêsi[46] ||
19. pan dinulang jabang bayi marang upas | nanging tan miyatèni [miyatè...]
--- [f. 52v] ---
[...ni] | pan saya wêlagang | jabang bayi punika | atur uninga sang aji | yèn batên pêjah | sang nata langkung runtik ||
20. alah patih kayaparan karsanira | ki patih awotsari | sumăngga ing karsa | abdi dalêm sêdaya | yèn mangkono iku patih | sira buwanga | Kali Karawa[47] aglis ||
21. duk sêmona jabang bayi winadhahan | gêndhaga kang kinardi | sarta binêtanan | wastra lawan busona | mênawa iku ing bejing[48] | yèn pinanggiha | dadi prabeyanèki ||
22. duk linabuh gêndhaga ing Kali Krawang | wayahe sirêp jalmi | sarta ingkang toya | iline kadi sawat | sakêdhap datan kaèksi | kentir mangandhap | ingkang ngiring wus mulih ||
23. sapraptane mangandhap kang nglabuh ika | tur uninga sang aji | sakalangkung suka | kêlilipe wus ilang | sang nata mari kuwatir | Nini Sumêkar | manahe brăngta kingkin ||
13. Asmaradana
1. wontên kang winus[49] malih |[50] amangsuli kang carita | pan sami nunggi[51] dadine | kang dadi Siyungwênara | putra sangking Sumêkar | kang sabda pandhita ratu | kang dadi bokor kêncana ||
2. satêngah carita malih | kang dadi Siyungwênara | putra sangking sang akatong | anyarèni sasêngkêran | wanudya maksah[52] kênya | sangking ature pun nujum | dadia tulak nêgara ||
--- [f. 53r] ---
3. carita puniku singgah |[53] pan sami lêrêse uga | sèjèn-sèjèn caritane | pan sami botên uninga | pundi kang dèn anggea | mapan samya lêrêsipun | kang dadi Siyungwanara ||
4. linajêngkên iku singgih | langkung dene aprayoga | tinuturake karone | supaya padha wêruha | jya kasi parêbatan | angalap gancaring tutung[54] | suwawi dèn pirsakêna ||
5. kala binêkta sang aji | linabuh Kali Karawang | sang nata anglês galihe | karuna sajroning nala | ketang ing polahira | nalăngsa jroning kalbu |[55] sri nata nora ngandika ||
14. Sinom
1. nulya kêlêm sri nalendra | wontên lalurah sawiji | punika wo[56] angêndhaga | malajêng arsa wêwarti | ing sedane sang aji | matur mring Radèn Sêsuruh | wartane pangandhagan | bêndune yayah sinipi | jêng ramanta linabuh Kali Karawang ||
2. dhatêng rayi jêngandika | purwanipun sri bupati | dèn aturi dhêdhaharan | lan nginum lan para mantri | jêngêr tan kêna angling | rumăngsa lamun katungkul | langkung pangungunira | dadya amicarèng ati | nora kaya sira Ki Siyungwênara ||
3. Radèn Sêsuruh anabda | para mantri anèng ngêndi | pangandhagan aturira | margane dipun apusi [a...]
--- [f. 53v] ---
[...pusi] | sêdaya tan nyurani | ya ta Rahadèn Sêsuruh | anggraita ing manah | liwat nistha kaya mami | nulya nêmbang têngara amêpêk bala ||
4. samya glar sêpapan |[57] wong Pajajaran amalih | warnanên dènnya apêrang | pirang dina pirang lastri | tan ana ngucap ajrih | panggih sami wanènipun | aprang jroning kurungan | mantri panggih sami mantri | sarêng pêjah kang gêsang sami karuna ||
5. rèhning pêrang samya kadang | jro kutha sêgara gêtih | malah ta gunung kêpala | papêjah tan kênèng wilis | wêkasan dènnya jurit | kasoran Radèn Sêsuruh | pêlayune angetan | kandhêg anèng Randhugunting | pan arèrèn wontên griyane ni răndha ||
6. rahadyan pinundhut anak | mring Ni Răndha Kaligunting | sakêlangkung ing sihira | kocapa kang mênang jurit | sampun madêg narpati | wong Pajajaran pan suyud | kandhèh kang antuk karya | jinênêngakên bupati | Kyai Buyut Karawang wus antuk lênggah ||
7. têtindhih wong pinituwa | winênang asaba puri | amungua lamun nedra | ngemutkên supe sang aji | sri nalendra tinangkil | ya ta angandika asru | lah bapa undhangêna | maring sakathahe mantri | lah pacuhan sing sapa ingkang gènana ||
--- [f. 54r] ---
8. utawa yèn kampirana | si kakang Sêsuruh mangkin | sun tumpês anak rabinya | sun êlokkên sadosaning | sun aku satru mami | kang kinon nêmbah wus kudur[58] | sêdaya ingudhangan | prapta padêdesan sami | dèn undhangi kumrah wong desa sêdaya ||
9. pan warta katimbal-timbal | aja wlas daging-padaging | manawa ana kanggonan | nuli tundhungên dè aglis | lungane radèn mantri | pan tan ana rowangipun | amung ki pangêndhagan | ni răndha ing Kaligunting | amiyarsa ing undhange sri nalendra ||
10. ni răndha lumayu sigra | sarta tawan-tawan tangis | tanpa gêlung abrabragan | gumêtêr sarira wadi | babokong koplak-kaplik | sapraptane wismanipun | sadhèrèk kalih lanang | Ki Wiro lawan Ki Nambi | katigane kang tuwa aran Ki Bandar ||
11. ni răndha alon angucap | adhuh arènisun sami | kayaparan karêpira | dèning rahadèn punaki[59] | wus dadi trasna mami | sun miyarsa warta mau | undhange sri nalendra | sing sapa kandhêgan kampir | pan tinumpês dadi satrune nalendra ||
12. iki ta wis dadi trêsna | kaya gèn ingsun ayogi | Ki Wiron[60] lawan Ki Bandar | kakangane kaki Nambi | karsanira manggihi | maring Rahadèn Sêsuruh | wus kapanggih rahadyan | wismane ni răndha
--- [f. 54v] ---
singgih | kyai lurah katiga sarêng angucap ||
13. anak isun kaki radyan | aja dadi ingkang galih | dene udhange sang nata | ingkang kagonan sirèki | saega[61] dhatêng ngriki | manira kang tanglang[62] lampus | labêt sun têrsna dika | nadyan tumêka ing pati | ingsun dhewe iya ingkang nglabuhana ||
14. Radèn Sêsuruh ngandika | paman langkung trima ugi | sangking sih pracayanira | manira samono ugi | muga-muga sun iki | bisaa malês sihipun | donya têkèng dêlahan | tulus sanak sirèki |[63] nanging paman pangrasane manah iwang ||
15. nadyan kulita tambaga | mapan abalunga wêsi | rêmêk dèn wong sanêgara | mapan manira wong cilik | lêhêng manira mangkin | paman ing saparan ingsun | sasampuning mangkana | ni radha[64] ing Kaligunting | tumut kesah kadange têtiga |[65]|
16. sakesahira rahadyan | kang tumut sapati urip | watawis wong kawan dasa | têtiga Ki Bandar Nambi | Ki Wiron datan kari | lumampah angujur gunung | Ardi Kobang[66] kaarsa | gunung asari awingit | kang kocapa Ki Ajar Camaratunggal ||
17. sakalangkung sêktinira | sidik ta kalamun angling | wêruh sadurung winarah | miwah kang cinipta dadi | têrus paningalnèki | angraga sukma linuhung |
--- [f. 55r] ---
padha-padha manusa | datan uninga kang warni | ingkang kocap bala êjim parayangan ||
18. Ki Ajar Camara nabda | marang ki puthut lan cantrik | lah sira nabuha gêntha | kêkêlèng ing mêngko iki | ana têtamu prapti | tur ika putrane ratu | mêngko wis anèng marga | bale babarana lampit | rangkêpana babut lan pêrangwêdana ||
19. sanadyan kathaha ajar | kang wontên ing tanah Jawi | tan kadi Camaratunggal | sagoh kadya wong bupati | tuhu ajar linuwih | sêsaosane wus kumpul | kocapa kang lumampah | rahadèn sumêngka ngardi | duk sêmona bingung tan uninga marga ||
20. sigra prapta kang ampuhan | sarta udan lawan angin | umyus mêsês anarajang | kayu kang sakol gumuling | sêmpal kang êpang alit | sêmpal kaprapal kapupuh | sangête kang ampuhan | awor udan riwis-riwis | guntur gunung kadya karungèng[67] ing wiyat ||
21. papêdhut pêtêng limunan | jalajating kusuma di | jim pêri lan parayangan | padha surak anong[68] langit | yèn wonga suka margi | marang radyan ingkang rawuh | praptane radèn putra | rangu-rangu anèng margi | tan antara rahadyan miyarsa gêntha ||
22. tumulya padhang kang arga | mari bingung radyan mantri | ningali pucaking arga | wontên camara satunggil | sarta kathah syaraning | pêrnahing gêntha karungu | radèn putra
--- [f. 55v] ---
ngandika | paman Wiron baya iki | patapane Ki Ajar Camaratunggal ||
23. payo paman ingugahan[69] | nulya sumêngka ing wukir | siti miring kajawahan | lunyu tan kambah ing jalmi | wong satus kari nguri[70] | sigra prapta dhepokipun | pratapan ing Camara | Radèn Sêsuru[71] kaèksi | mring ki ajar kang prata nulya sinapa ||
24. kaki radèn lah bagea | pundi pinăngka ing wuri | radèn teja sulêksana | pantêse kusuma adi | tatejane nêlahi | umatur Radèn Sêsuruh | lampah lulun[72] satindak | ingkang kakêtêg sadêmi[73] | măngsa botên kawêngku sang maha tapa ||
25. ki ajar alon anabda | pan abênêr kaki mantri | pirang prakawis manira | yèn nora wruha kang gaip | ing karsanira kaki | wus kawêngku marang isun | marmane para kesah | ki radèn sangking nêgari | pan ayuda igih lan ari manira ||
26. malah asor pêrangira | marmane prapta ing ngriki | lumajêng angujur wana | mangke arsa mangun tèki | lah paran kaki mantri | puniku pambadheningsun | matur rahadèn putra | alêrês sabda sang tapi | batên langkung kawula nêdha pitêdhah ||
27. ki ajar aris anabda | yèn sira nari ing mami | aja nadyaa[74] atapa | eman jênêngira kaki | dadi apa ing Jawi | nora nana dadi tunggul | jênênge arinira | cupêt tumurun malih |[75]
--- [f. 56r] ---
amung sira kang anurunakên nata ||
28. yèn sira anut maringwang | angetana bae kaki | ing bejing sira mandhêga | yèn amanggih maja pahit | saênggone kapanggih | pinasthi dadi kadhatun | lan ana kêpuh sirah | iku alun-alun bejing | pêsthi sira dadi damaring nêgara ||
29. tumêka ing putra wayah | malah prapta jaman akir | kang amutêr tanah Jawa | lan wêruhanira kaki | jênêng isun puniki | dudu ajar têmên ingsun | pan ingsun duk ing kuna | putra Pajajaran singgih | eyangira pan kapêrnah ariningwang ||
30. kang aputra ramanira | iku kaponakan mami | kang linabuh ing Karawang | marmaningsun tilar puri | pan ingsun putri luwih | tanpa tandhing warnaningsun | sakèhe putri Jawa | dadi udhang para aji | pan kathah ratu kang prapta anglamar |[76]|
31. duk samana atiningwang | nora pisan arsa krami | isun dinukan ing rama | ingsun rasa-rasa ngati | singa kang sun karêpi | kang liyan dadi pakewuh | nulya ingsun anukma | ing wêngi sah sangking puri | wêdal ingsun miyos ngurung-urung toya ||
32. anurut karsaning manah | wêkasan mugah ing ardi | mring pucake Gunung Kobang | ana camara satunggil | anulya sun ênggoni | malah dadi dhepok ingsun | sasampune mangkana | ki ajar angalih warni | pan sakêdhap mantuk warnaning wanudya ||
--- [f. 56v] ---
33. dinulu parawan kênya | warna kadya widadari | datan ana tumandhinga | wanudya ngalam dunyèki | rahadyan aningali | kagèt manahe smu kenyut | lali purwa daksina | dene warna ayu luwih | radyan putri sakêdhap supe sarira ||
34. ajujung[77] arsa angêmban | lagi jumangkah ping kalih | ya ta kang amalih warna | sadyanira angigati[78] | dadya micarèng ati | sun cobane wong abagus | arsa ingsun uninga | solahing kakung mring èstri | ingèngsêman sang bagus tur ingidonan ||
35. nora sangsaya mudura[79] | manahe rahadyan mantri | pinarêkana ta naa | ginayuh nulya ngindhani | katingal wêntis kengis | sumingêb Radèn Sêsuruh | sangsaya tan darana | cinandhak-candhak ngigati | tinêmanan[80] lir anumbruk wêwayangan ||
36. tumulya ical kang warna | sang ayu datan kaaksi | rahadyan putra kelangan | sakêdhap manahe gingsir | maksih kaciptèng ati | ika si ratune ayu | sor widadari syarga | baya musthikane bumi | yèn awèta gusti sun rewangi pêjah ||
37. supe ing purwa daksina | tan ana dharat kaaksi | nanging wau kang katingal | kang asung sawining liring | radèn micarèng ati | baya mring ngêndi wong ayu | aja amingkis sinjang | ginayuh têka ngindhani | tanggung-tanggung angur aja wruha pisan ||
38. adangu raja pinutra | dènnya kasmaran kêpati | lênglêng cêngêng [cêng...]
--- [f. 57r] ---
[...êng] tingalira | kadya kêna ing pirangti | tan wande angêmasi | pangrasane sang abagus | supe yèn tilar praja | nanging kamurcane ngati | sampun nêlas manahe brăngta kasmaran ||
39. warnanên sang apratapa | kamiwêlasên ningali | anulya wau ngatingal | mapan dadya ajar malih | arupa kaki-kaki | rahadyan sigra asujud | karuna amlasarsa | sumungkêm ing pada kalih | sakêlangkung anuwun kang pangapura ||
40. angandika sang pratapa | lah uwis mênênga kaki | aja para wèt karuna | sun apura solahnèki | jamake wong aurip | kabubuhan owah luput | iku panyobaningwang | yèn sira madêg nêrpati | dipun emuta puniku cobane nata |[81]|
41. yèn sira mangkonoa |[82] măngsa arêp dadi aji | pan iku sirahing donya | Sri Sadana lawan èstri | nanging dèn emut ugi | pan puniku têpanipun | akathah kamanusya[83] | wani gusti marga èstri | beda ingsun wus ilang ing kamanusan ||
42. kasangêtên gèn atapa | dadi kapriyangyang mami | kajaba sangking manusa | wênang jalu wênang èstri | wênang anom wak mami | datan kêna mati isun | bejing kêna ing pêjah | yèn dina kiyamat bejing | anadene ingsun kawan[84] jênêngira ||
43. dudu ing kene gènira | kapanggih kalawan mami | yèn sira wus madêg nata | amêngku ing nusa Jawi | mapan ingsun angalih | têka ing kene ing besuk | ratune pêrayangan | angadhaton [angadhato...]
--- [f. 57v] ---
[...n] Tasikwêdhi | pan abala êjim lawan parayangan ||
44. sawuse ing kono bejang[85] | ngalih sangking Tasikwêdhi | angadhaton Pamancingan | siniwaka ingsun bejing | sineba para aji | samya ratune lêlêmbut | jana iki sadaya | tur ajênêngakên patih | lan tumênggung dêmang ngabèi lan arya ||
45. sasampunira mangkana | isun ngawula sirèki | ing saturun-turunira | iku kang isun kulani | naning isun prajaji[86] | yèn sira apagih[87] musuh | aku nuli udanga[88] | na têngêran ingsun prapti | lamun ana surak anèng awang-awang ||
46. sakathahe musuhira | kalah maring sira kaki | ingsun anut karsanira | yèn têdhak para ing bejing | têka lali ing mami | pasthi prangira kaburu | tur banjur kalah pisan | wus sira mangkata kaki | lah jujugên wawêkas isun ing sira ||
47. kuloning Gunung Prawitan | saêlor Gunung Srawati | ana bêngawan anyimpang | kidul ara-ara Têrik | hèh poma dipun eling | rahadyan anulya sujud | amit kawula eyang | anut ing pituduh yêkti | nulya mangkat ing Ardi Kombang kawuntat ||
15. Pangkur
1. sigra lumampah mangetan | lampahira anurut ing pasisir | ngalang gunung ngujur gunung | Kêndhêng anut pajatyan | nora kandhêk lumampah ing wana singub | kandhêg anèng ara-ara | ing kêpuh sirah samandhing ||
2. ana ta maja katingal | pan sanunggal uwohipun adadi[89] | asinang [a...]
--- [f. 58r] ---
[...sinang] sêdhêng ingudhuh[90] | wohe tiba satunggal | dèn icipi tuhu yèn pait kalangkung | punika kang kapondhokan | radèn putra ngandika ris ||
3. paman Wiron paman Badar[91] | lah puniki ara-ara ing pundi | baya iki wêkasipun | nanging pundi arannya | nulya matur Ki Wiron nênggih puniku | kidulipun kali nimpang | aran ara-ara Têrik ||
4. wartènipun kuna-kuna | pan punika nagri Ngastina nênggih | ingkang rinêbat karuwun | dening saluhur panduka |[92] duk jênênge Pandhawa Kurawa pupuh | marma wontên Bratayuda | wiwitan rêbatan putri ||
5. punika ingkang rerehan | pan kalêbêt Pajajaran ing ngriki | ngandika Radèn Sêsuruh | lah paman yèn mangkana | isun nêlah ing rika ta wastanipun | lan wêkase kaki ajar | sun arani Majapait ||
6. samana rahadyan putra | anênandur gaga sarta sêsabin | têtaruka wana agung | mung wong satus rewangnya | jangkêp sagung sumangsane angudhuh |[93] murah kang sarya tinumbas | têtanduran angêmahi ||
7. nêngêna sira rahadyan | sampun tigang ungsum nèng Majapait | watara wong jangkêp sèwu | kocapa Arya Bangah | kang sadhèrèk kang jumênêng anèng Galuh | rinusak dening Sang Nata | Pajajaran duk ing nguni ||
8. Arya Bangah tan kinarsan | anèng Galuh marmanira dèn andhih | mangetan palayunipun | prapta ing Majalêka[94] | pan abêta tiyang kawandasa iku | sapraptane [saprapta...]
--- [f. 58v] ---
[...ne] rêrangkulan | Rahadyan Sêsuruh angling ||
9. lah ta kadipundi kakang | dening lalos maring Galuh kèng ngriki | Ki Arya Bangah umatur | ing pun kakang milanya | manira sah sangking nêgari Galuh |[95] dening tan ayun maringwang | kinalahakên kang jurit ||
10. dene Ki Siyungwênara | yêktiningsun kinalahakên jurit | manira yayi lumayu | angungsi jênêng para | anglampahi ing wangsit tuduhing rèku | gunême Siyungwênara | yèn Galuh wus bêdhah bejing ||
11. ing bejing măngsa katiga | sira yayi arsa dipun lurugi | Radèn Sêsuruh amuwus | yèn makatên kakangmas | dawêk sami dhininginan karsasanipun[96] |[97] anglurug mring Pajajaran | mapan wadya Majapait ||
12. sampun jangkêp tigang nambang | tan antara dèn pêpêk ingkang abdi | ingkang bala tigang èwu | mangkat mring Pajajaran | duk lumampah marga antuk tigang dalu | bala wuwuh pitung nambang | pan salêksa bala alit ||
13. pirang dina laminira | dènira prang bala ing Majapait | aramya aprang apupuh | ingkang dadi pangarsa | dèn titihi Arya Bangah wadya sèwu | Ki Wiron bala sanambang | Ki Bandar sèwu kang ngiring ||
14. Ki Nambi wong pitung nambang | sakathahe wong anyar mung Ki Nambi | punika dêdêl gêgunung | Arya Bangah pangarsa | pangawate Ki Bandar kiwa Ki Wirun | têmpuhing yuda lir gêrah | pirang-pirang kang pêpati ||
15. Siyungwanara nèng ngarsa | kang pangajur[98] ngamuk kari pribadi | bala tan wruh gustinipun [gusti...]
--- [f. 59r] ---
[...nipun] | kang ngamuk tinadhahan | pan akathah wong Majapait kang lêbur | anênggih Ki Arya Bangah | kapanggih sami pribadi ||
16. kalawan Siyungwanara | wus palastra Arya Bangah matèni | wong Pajajaran kaburu | sedane gustinira | binoyongan èstrine mring Majalangu | binêkta maksih somahan | angalih mring Majapait ||
17. nanging wong sadalêm pura | Pajajaran ingkang dipun pilihi | jaga isine kadhatun | wong sèwu kang nonoman | kang parawan awêtara patang puluh | wus katur rahadyan putra | tan babal wong jro puri |[99]|
18. risampunira mangkana | duk cinacahakên wong sanêgari | karuwun wong tigang èwu | mangke dadya salêksa | sasampune Pajajaran kalahipun | kêbêk têkèng jaba kutha | wus babar dadi sakêthi ||
19. pitung lêksa pitung nambang | pitung atus kalawan pitung dèsi | Ki Wiron Ki Bandar matur | yèn suwawi ing karsa | lahêng gusti panduka jumênêng ratu | amêngku ing sa-Jawa |[100] datan wontên kang malangi ||
20. katarima aturira | tinurutan jumênêng Majapait | Arya Bangah wus jinujung | nama Arya Panular | pan Ki Wiron ing mangke jinujung lungguh | nama Patih Arya Wahan | Ki Bandar lawan Ki Nambi ||
21. sami kinarya wêdana | ing pasisir Bandar măncanêgari | Arya Panular aluguh | parentah jro sadaya | pangandhagan wadana mantri pangayun | sang nata garwa sakawan | kang putra jalu satunggil ||
22. wus rata kang panjênêngan | sampun [sa...]
--- [f. 59v] ---
[...mpun] lama putranira sang aji | prabu anom kang jêjuluk | adalêm salor pasar | Patih Arya Wahan apêputra jalu | winastanan pun Udara | tinandur anèng Kadhiri ||
23. sampun alami Sang Nata | Majapait seda putra gumanti | prabu anom dadya ratu | pêpatih Arya Wahan | maksih linastarèkakên karuhun |[101] jumênêng Ardiwijaya | prabu anom kang kêkasih ||
24. sang prabu arsa cangkrama | maring wana abêburu anggêrit | kang banthèng lan kêbo dhanu | Ki Patih Arya Wahan | baturira dhatêng kangjêng sang aprabu | yèn sawawi sri naledra | sampun age acangkrami ||
25. pan abdi dalêm sadaha[102] | ingkang manah dèrèng sumungkêm yêkti | nadyan tidaka[103] sang prabu | yèn wus manah pracaya | dipun kadya ing jênêng syarga kang surud | ing mangke dèrèng kantênan | sampun kasmaran cangkrami ||
16. Asmaradana
1. langkung duka sri bupati | dene dèn ampah karsanya | kang galih langkung cuwane | wêdana kadya sinêcang | sampuna tiyang lama | kadya dèn tuwêka gapyuk | sangking dukane sang nata ||
2. nulya jêngkar sang nêrpati | malêbêt ing datulaya | wontên ta kocapa mangko | kawulanira sang nata | wasta Ujungsabata | abdi kadipatènipun | tilaran tilas durjana ||
3. wêruh yèn duka sang aji | nulya dadan abasahan | datanpa rewang lampahe | wau Ki Ujungsabata | arsa malêbèng pura | wus prapta [pra...]
--- [f. 60r] ---
[...pta] jawine pintu | lumêbêt tanpa larapan ||
4. pan ingandêl saba puri | cumundhuk ngarsa sang nata | Ujungsabata ature | kadospudi[104] kang paturan | wau pun Arya Wahan | winastan abdi sang prabu | dèrèng sumungkêm sadaya ||
5. karantên sisip pun patih | mangke paningal kawula | mantri panduka sakèhe | sami eca ingkang manah | pae kala ramanta | kêkathahên karyanipun | mung mangke angrasa eca ||
6. miwah abda[105] dalêm jawi | tulus kang adagang layar | angraos kathah bathine | anênandur katulusan | kawula tan kaduga | dèn wastani maksih kuwur | ature pun Arya Wahan ||
7. pun patih kula wastani | angèwêdi panjênêngan | nêgari langkung suyude | dèn wastani dèrèng rêmbak | mangke wontên punapa | baya ta piyambakipun | kadarbe pangarah ala ||
8. ujar watêke ki patih | pêparentah tanpa saja[106] | ngantosi kang dadya katong | bêktine mantri kang têbah | batên kalêbêt pisan | kathah kêdhike tan katur | kalêbêt ing kapatihan ||
9. kawula miyarsa gusti | kariyin pun Arya Wahan | aprasatya lan sang katong | yèn mukti sarênga wirya | yèn seda asarênga | sampun kongsi ganti taun | ing mangke tan kalampahan ||
10. rama jêngandika lalis | pênêd punika tuta |[107] mapan kalêbêt jangjine | paduka tan kaningaya | suwawi linêkasan | pan ing mangke mupung dalu | kawula [kawu...]
--- [f. 60v] ---
[...la] kang nglampahana ||
11. yèn sampun pêjah pun patih | tutug sakarsa parentah | tan ana winalang galih |[108] apanujon ingkang karsa | ta[109] nurut pun Sabata | nulya pinaringan dhuwung | awasta pun Jangkungpacar ||
12. nulya tinudhung[110] tumuli | ya ta surup sang yang arka | pun Ujungsabata miyos | anjêjêp mring kapatihan | kocapa Arya Wahan | samana maksih aluguh | akalihan rayinira[111] ||
13. angandika kyai patih | atutur ing rabinira | patiku sawêngi mêngko | tan kêna giningsirana | yèn luput pêjah iwang | nênggih dawa umur ingsun | ni patih kagèt ing manah ||
14. punapa marga ki patih | adarbe wuwus mangkana | kiyai patih saure | sang nata mangke idhêpan | ature kang kawula | sakathahe batur ingsun | sawêngi iki pêpêkan ||
15. lan ingsun sawêngi i[112] |[113] bojo sira umpêtêna | singêdêna ing jro kabong[114] | dèn aja na wong uninga | wongira udhangana | sawêngi aja na turu | pêpêka anèng mandhapa ||
16. ki patih sampun aguling | saluhure pasarean | pan wus wayah sirêping wong | kocapa Ujungsabata | ajêjêp[115] kapatihan | sajawine pagêr banun | dèn pirsakakên syaranya ||
17. gumuru[116] lêbêting kori | ana kang asukan-sukan | ana kang ngidung amaos | ingkang sawênèh carita | ana
--- [f. 61r] ---
kang têtandhakan | kang anom aturun guyu | sawênèh awêwayangan ||
18. ana kang ngêdhok manyanyi | sawênèh agêguritan | kathah syaraning ponang wong | Ujungsabata kèmêngan | dene tan ana nedra | ya ta matêk ajinipun | asadhakêp suku tunggal ||
19. nutupi babahannèki | tumênga ana ikasa[117] | kapapag palawangane | sampun rinupêk sêdaya | tumungkul Ki Sabata | kang bumi nulya dinulu | apan sigra jajêk[118] lêmah ||
20. malih ping tiga tumuli | lumaku angănja-ănja | nulya anyakob[119] lêmahe | antuk sajumput kinarya | sigra anggagêm[120] lêmah | ingkang kinarya gêgutuk | sasampunira binalang ||
21. lawang pan mênga pribadi | kancinge pating palêsat | kang akêmit sirêp kabèh | ana kang turu ambapang | anglês sarwi angawar | nanging ta puniku turu | sangking mandine wisaya ||
22. ana maksih malang kêrik | wênèh maksih mandha[121] rêbab | samêndhapa turu kabèh | malêbêt Ujungsabata | kang kêmit kalangkahan | praptèng palataranipun | kang padam pating paluncar ||
23. ki patih kang dèn ulati | pasareane tan ana | manawa awor wong akèh | kang turu kukub dèn wiyak | tan ana kapanggiha | kewuhan ing manahipun | dèn angên-angên ing nala ||
24. karêmêne kyai patih | nora liyan sangking kuda | saewuhane [saewuh...]
--- [f. 61v] ---
[...ane] gawene | yèn kudane jaluk pakan | tumulya ingudhunan | ika karêmênanipun | malah kawuri rabinya ||
25. Ujungsabata tumuli | lumampah dhatêng gêdhogan | dipun pêthoki lawange | dèn gitik kang kuda mêdal | dhatêng ing palataran | anjêrngingih gêdruk-gêdrug[122] | angrunjah nepak jambangan ||
26. ki patih pêgêl kang galih | dene ucule kang kuda | kang ucul kuda agême | wêkasan anyêluk bocah | sangking saluhur kajang | Ujungsabata wus wêruh | yèn ana saluhur kajang ||
27. tumulya sami atangi | kuda sampun cinêkêlan | Ujungsabata adhêpès[123] | sampuning mugah kang kuda | nulya sami anedra | jalu èstri samya turu | mugah pun Ujungsabata ||
28. dhatêng sajêroning samir | pandhêlongira ing kajang | ingkang dèn awur sadyane | tinarik pun Jangkungpacar | pan dhuwung agadhuhan | yèn pun Jangkungpacar iku | tan ana têguh kadhotan ||
29. kajang winiyak sadhidhik | tan amingsêr dhuwungira | nulya pinêrjaya age | anuju lambunge kiwa | mandine kang curiga | pêjahe onèng ing luhur | tan ana ingkang uninga ||
30. sarêng uninga ing gêtih | parandene mangke tatas | baya ta sampun takdire | sumusul marang kang syarga |
--- [f. 62r] ---
nulya tatas raina | ni pa[124] tan nyana wau |[125] gêtèh tumètès ing bantal ||
31. ni patih anulya anjrit | sampune bangun raina | ki patih tinurunake | ni patih nangis alara | pan sampun binêrsihan | nulya tinabêla sampun | ni patih wus binoyongan ||
32. jinarah sadarbenèki | têlas jrone kapatihan | rêkyana patih dalême | Ujungsabata sinrahan | sawong desane pisan | sang nata suka kalangkung | Ujungsabata ginanjar ||
33. jinênêngakên pêpatih | sang prabu kala samana | tulus cangkrama karsane | dhatêng wana pacangkraman | para mantri sadaya | samya pisah lan sang prabu | miyarsa dhangdhang wurahan ||
17. Dhandhanggula
1. angrêbut paran dènira agêrit[126] |[127] para mantri pisah lan sang nata | agêrit sapi lan banthèng | kicalan gustinipun | dènnya gêrit kari pribadi | nanging Ujungsabata | kang bêrêg i[128] ngayun | ênêngêna sri naledra | kawarnaa putrane kiyai patih | kang aran Ki Udara ||
2. kang aligih nêgarèng Kadhiri | amiyarsa yèn kang rama pêjah | cinidra sang prabu anom | miwah sarayatipun | binoyongan dipun karikis | wismane jinarahan | Ki Udara wau | nulya akêkapa kuda | sigra [si...]
--- [f. 62v] ---
[...gra] mangkat santananira angiring | ajujug pacangkraman ||
3. prabu anom kapanggih pribadi | agêgêrit banthèng lawan sangsam | Udara ngêmbat watange | sarêng kagyat sang prabu | pinarjaya pan sampun lalis | gègèr sajroning wana | nanging nora nana wrêruh |[129] yèn panggawe Ki Udara | wangsul malih dhatêng kitha Kadhiri |[130] adadan arsa seba ||
4. ingkang putra prabu anom sigih | Radèn Adaningkung gumantya |[131] Ki Udara pêpatihe | Sang Partawijayèku | pan jumênêng ing Majapait | lami tumulya seda | Radyan Kayamwuruk[132] | jumênêng Ăngkawijaya | apêputra Radèn Lêmbu Amasani[133] | Patih Dêmang Panular ||
5. putra Wisada ingkang kêkasih | apêputra Brangtaji namanya | Gunawijaya wastane | seda putra aluguh | Radèn Alit jumênêng aji | jêjuluk Brawijaya | wêkasane ratu | apêpatih Gajahmada | pan kapitu punika jumênêng aji | mêkasi Brawijaya ||
6. pirang warsa jênêngira aji | wus akrama lawan Putri Cêmpa | Ni Darawati wastane | tuhu ayu pinujul[134] | warnanira kocapa salin | ping lima sadinanya | langkung sih sang prabu | pira lamine kapanggya | Putri Cêmpa dèrèng tumêdhak ing siti [si...]
--- [f. 63r] ---
[...ti] | tansah anèng êmbanan ||
7. têtiga sanak Putri Drawati | èstri kêkalih jalêr sanunggal | kang rayi luwih ayune | sadinane ping pitu | salin warni wus dèn utusi | nanging sampun akrama | antuk têdhak Rasul | kamulanya Cêmpa Sêlam | wus alama kaponakan sri bupati | awasta Radèn Rahmat ||
8. arsa atijo[135] ing tanah Jawi | pakèning ibu tijo ingkang uwa |[136] kang garwa sangêt angêne | sasampuning kapangguh | Brawijaya ing Majapait | pan aparing pagenan[137] | dhatêng putranipun | padhêkahan Ngampèldênta | pan wong Jawa sinakarêp sakathahe tiyang Jawi |[138] akathah manjing Islam ||
9. anêngêna[139] nagri Majapait | kawarnaa pan wontên rasêksa | awisma ing alas gêdhe | kêkalih sanakipun | Ki Rasêksa dene kang èstri | Ni Rasêksi wastanya | Ni Rasêksi matur | maring kang raka Rasêksa | kadospudi kakang kawularsa kaki[140] | Ki Rasêksa anabda ||
10. kadar sapa kang sira karsani | Ni Rasêksi matur ingkang raka | kang kula karsani mangko | Sang Nata Majalangu | Ki Rasêksa alon nauri | yayi mangke ta sira | kudu laki ratu | măngsa arêpa mring sira | Brawijaya ratu dibya pan aluwih | măngsa dèn karêpana ||
11. Brawijaya wau Majapait | para Ratu Jawa tanah sabrang | samya ngaturi putrine | apa ta marganipun | yèn arsaa marang sirèki |
--- [f. 63v] ---
ratu apik kalintang | warnane abagus | Ni Rasêksi aturira | pan kawula igih sagêd malih warni | kang kadya garwanira ||
12. Ni Rasêksi byar amalih warni | citranira lir prada binabar | wêdana mancur cahyane | lir widadari nurun | sangking syarga tuhu yèn adi | busana kadya edhang[141] | Ki Rasêksa dulu | gumuyu alatah-latah | wus angrasa milu duwe tanah Jawi | sangking sangêting tapa ||
13. Ki Rasêksa wuwusira aris | iya yayi sira malêbua | besuk mringa kadhatone | apanggiha ya sang prabu |[142] kang sinuhun ing Majapait | Ni Rasêksi angucap | kaya age isun | atêmu lawan sang nata | mêtu lanang ingkang abagus linuwih | madhani para putra ||
14. yayi sira isun pêparabi | ingkang patut lawan warnanira | Edhang Samitapurane | ingkang rayi anuhun | angabêkti tumulya pamit | malêbêt mring nêgara | kandhêg pasar agung | lagya tuwon sêmona |[143] sami kerut wong sapasar aningali | kanyaran dulu edhang ||
15. aranipun Edhang Samitapuri |[144] lanang wadon tuwa lan taruna | anonton edhang basane | miwah ingkang mamikul | pan atilar pikulannèki | mantri tilar kêndhaga | karêpe andulu | miwah kang amara seba | rangu-rangu sakèhe para bupati | kandhêg adulu edhang ||
16. marmanira sami aningali | dene edhang [e...]
--- [f. 64r] ---
[...dhang] ayune kalintang | lawan umancur cahyane | kucêm sakèh kang dulu | kadya wulan purnama sidik[145] | amadhangi sapraja | dene tapanipun | sasadyane tinurutan | ing dewane èstijrat basane kapir | datan beda mangkana ||
17. Patih Gajahmada aningali | duk ing pasar wong kerut sadaya | samya tilar dadolane[146] | ana wong rubung-rubung | kyai patih arsa ningali | basane ana edhang | luwih warnanipun | ki patih nulya mariksa | sira edhang pinangkanira ing pundi | lan sapa aranira ||
18. nulya matur endhang mring ki patih | pan kawula tiyang sangking arga | sumadya ngabdi wiyose | anênggih jênêng ulun | gih pun Edhang Samitapuri | sumusul kang putusan | kajêng[147] sang aprabu | parêk kalih kang prapta |[148] dhawuhakên timbalan dhatêng ki patih | jêngandika ngandikan ||
19. sapraptane ngarsane sang aji | kang dinangu gègère ing pasar | ana apa ing wartane | ki patih nulya matur | wontên edhang kang sangking ardi | sami cingak sadaya | edah[149] warnanipun | ulun sampun amariksa | sadyanira yèn kage[150] arsa angabdi | edhang nulya ngandikan ||
20. sapraptane edhang ing jro puri | sarêng mulat sang nata mring edhang | kumênyut sênêng galihe | tinugalakên sampun | mring kapanggung kang lami-lami | ni edhang wus apasang | ing sapolahipun | sampune ngalama-lama | sri nalendra tumingal sênêng ing galih | minggah sêlir
--- [f. 64v] ---
pangarsa ||
21. sêlir kapagung[151] sami kawingking | sakathahe para garwanira | ni endhang dadi kasihe | anunggu siyang dalu | tigang căndra tan malih apti | luwih wanudya kathah | sajrone sih lulut | ni edhang nulya awawrat | kalih căndra sang nata cuwa kang galih | dene agêlis nyidham ||
22. akêrasa sajrone ing ati | arêp mangan gagêcok kang mêntah | wêkasan dadi tangise | karsanira sang prabu | sakarêpe kinon nêkani | pan sampun tinêkanan | mênêng dènnya muhun | gagêcok nuli pinangan | tan antara ni edhang nulya ajrêrit | siyungipun sacarak ||
23. warnanira mantuk Ni Rasêksi | ya ta gègèr wong sadalêm pura | sang nata langkung dukane | sigra angêmbat lawung | karsanira dipun pêjahi | Rasêksi nulya ilang | mring wangkane[152] gunung | wawrata[153] prapta sêmaya | sangang căndra babar ingkang jabang bayi | lanang bagus kang warna ||
24. nora tiru ing biyang Rasêksi | sinung aran anênggih pun Dilah | wêlagang gêlis gêdhene | nyata[154] titisi[155] ratu | yêkti beda lawan Rasêksi | sampunira mangkona | pintêre kalangkung | Ki Dilah atakèn bapa | sinauran kang uwa ingkang nauri | ya ingsun bapakira ||
25. nora rêna Ki Dilah kapati | manuk ika yèn aduwe anak | tan beda lawan bapake | ingkang uwa ajêtung | dening pintêr rare puniki | arsa jinarwanana | ewuh atiningsun | tan wande ingsun kelangan [kelanga...]
--- [f. 65r] ---
[...n] | anak ingsun Ki Dilah mênawi runtik | lêhêng sun wacanana ||
26. ingkang uwa mujar sarya aris | anak isun Dilah ayya mothah | mêngko sun tutur jatine | kang yogya sira iku | Brawijaya ing Majapait | nanging sira Ki Dilah | dudu anak isun | pan sira putrane nata | watir ingsun mênawa tan ngaku gusti | kumêpyur manahira ||
27. yèn mangkono biyang ingsun amit | sêdya ngawula mring Brawijaya | Ni Rasêksi lon wuwuse | yèn kêna anak isun | aja sira mring Majapait | mênawa kaki sira | bok nora dèn aku | kangelan ingsun kang wirang | pan Ki Dilah mèngsêm sarya anauri | pasthi nganggo prayoga ||
28. nanging manira amêksa amit | nora kudu dèn akua anak | nanging karuhana bae | arsa sawita ratu | sokur bêja antuka kardi | nulya Ki Dilah mangkat | kang kari amuwun | datan winarna ing marga | sapraptane pun Dilah ing Maospait | anjujug wringin kêmbar ||
29. lajêng pepe ngisore waringin | kurung alun-alun Majalêngka | pun Dilah bukuh linggihe | tan antara kadulu | marang sira rêkyana patih | anulya pinariksa | ki patih amuwus | rare sapa aranira | lawan apa sêdyamu prapta nêgari | ing êndi kang pinăngka ||
30. nulya Ki Dilah umatur aris | rare sangking ing gunung kawula | tanpa yayah lan bibine | pun Dilah aran ulun | marmanipun prapta ing ngriki | sumêdya angawula | ing gusti sang prabu | yèn karsa angabdèkêna [anga...]
--- [f. 65v] ---
[...bdèkêna] | pan punika ing sedya kawula prapti | kang mugi ingaturna ||
31. Kyai Patih Gajahmada angling | iya isun ingkang ngaturêna | ing kangjêng gusti sang katong | warnanên sang aprabu | kang pinarêk anèng sitinggil | angandika ing wadya | gandhèk kinèn dangu | kang pepe waringin kêmbar | ingkang kinon wadya gandhèk awotsari | gêpah asigra-sigra ||
32. sampun cundhuk layan kyana patih | andhawuhkên timbalan nalendra | ki patih gupuh ature | katur marang sang prabu | lamun wontên kang pêcêl alit | sumêja angawula | i kangjêng sinuwun | ya ta wangsul kang putusan | sigra matur lamun wontên pêcêl alit | pun Dilah wêstanira ||
33. wijilipun sangking ing wanadri | sêdya ngapdi ing paduka nata | sang prabu pangandikane | timbalana dèn gupuh | ingkang kinèn sragra[156] wosari[157] | lèngsèr sangking ngajêngan | lampahira rawuh | Ki Dilah gya dhinawuhan | sampun kering prapta ing ngarsa nêrpati | muka kajêm[158] pratala ||
34. jêng sang nata angandika aris | iya Dilah sira anugala | ing panakawan alite | Dilah tansah dinulu | sasolahe pan mambu ati | cahyanira gumilang | lir wulan awêlu | risêdhêng lagi purnama | laku linggih solah muna lawan muni | yêkti wijili[159] tapa ||
35. tan winarna laminira mangkin | sri nalendra arsa acêngkrama | anggêrit sangsam lan banthèng | amburu ing wona gung | pan Ki Dilah matur wotsari | gusti sang sri nalendra | sampun mring wona gung | langkung têbihe kang wona | awah[160] aya pan samar
--- [f. 66r] ---
wona asingit | tua kalihan graha ||
36. lêhêng gusti cangkrama nêgari | anggêrit banthèng kalawan sangsam | anèng ing alun-alune | ulun ingkang asanggup | dhatêngakên buron wonadri | sato sajrone wona | praptèng alun-alun | sri nalendra angandika | rare iki lumancang asanggup bakit[161] | luwih lan mantra[162] kathah ||
37. lamun sira sanggup nêniwasi | pasthi ingsun tugêl gulunira | ingsun kaya tontonane | anèng ing alun-alun | tinon sakèh wong Majapait | lah Dilah wis lungaa | dèn tatêp[163] ujarmu | Ki Dilah nêmbah wus mentar | wus lumampah praptèng ing wona tumuli | wismane ibunira ||
38. Ni Rasêksi kagèt aningali | mring kang putra ing sapraptanira | sigra pinêngkul janggane | Ni Rasêksi amuwus | dening kulap[164] agêlis prapti | gènira angawula | natèng Majalangu | baya ta binêndon sira | ingkang putra Ki Dilah alon nauri | ingutus ingsun biyang ||
39. anggiring sato kang anèng wonadri |[165] praptaa ngalun-alun Majalêngka |[166] sri bupati ing karsane | Ni Rasêksi amuwus | anak ingsun jaluka aglis | ingsun ingkang giringa | marang alun-alun | sakèhe [sakèh...]
--- [f. 66v] ---
[...e] kang sato alas | andêlêna olihira ananggupi | mupugi karsa nata ||
40. ingkang putra tumulya apamit | wangsul malih dhatêng jro nêgara | prapta ing paseban age | Sang Nata Majalangu | kalanira miyos tinangkil | gègèr kang wadyabala | pun Dilah kadulu | sarêng lawan buron wona | sangsam kidang kalawan banthèng jêjawi | sami prapta sadaya ||
41. yèn jalmaa sira padha angling | ngaturakên pêjah
sah Puspadirona
--- [f. 67r] ---
[...]
--- [f. 67v] ---
sah Puspadirona
[...]
gêsangira
--- [f. 68r] ---
gêsangira[167] | sumăngga ing karsane |[168] ing kangjêng sang aprabu | sira Dilah umatur aris | gusti sang sri lendra |[169] ngaturakên ulun | sakathahe satu[170] wona | pan sumăngga ing karsa paduka ji |[171] sêdhêng bêrêg maesa ||
18. Durma
1. dyan tumêdhak sang nata kalihan raka | samya nitih padhati | sang sri naranata | anitihi pun Jêbad | ngalun-alun dènnya gêrit | kalangkung suka | kangjêng sri narapati ||
2. sinakolah pasawitane Ki Dilah | dènnya sawitèng aji | manggih suka arja | marga sangking Ki Dilah | dadya karsane sang aji | arsa dèn angkat | jinujung ingkang linggih ||
3. pan kinulawisuda nênggih pun Dilah | jinênêngakê[172] mantri | aran Arya Damar | wus sinungan parintah | pagunungan myang pasisir | Ki Arya Damar | Gajahmada kalindhih ||
4. Patih Gajahmada umatur sang nata | yèn suwawi sang aji | pun Ariya Damar | mangke sampun kantênan | tan wontên ingkang nisihi | tuhu prawira | ing mangke bangkat kardi ||
5. yèn suwawi kawula kang lumungsura | angandika sang aji | nora si mangkana | nadyan sun pêrnahêna | alinggiha nêgari |[173] ingkang prayoga | nêgara tanah Jawi ||
6. ki apatih umatur dhatêng sang nata | anuhun yèn suwawi | nêgari Palembang | punika kang sayogya | tan wontên prayoga malih | ya ta kalakyan | Palembang dèn linggihi ||
7. sabên dalu [da...]
--- [f. 68v] ---
[...lu] Narya[174] Damar dènnya seba | wong salêksa kang ngiring | marang Majalêngka | ngaturkên bêktinira | tan winarna ing margi |[175] wadya Palembang | mêntas anèng Garêsik ||
8. pan supaya wong agung ing tanah sabrang | yèn maring Majapait | Garêsik kang marga | ingkang dangya[176] langapan | kang dagang tan kêna manjing | yèn tan ngandikan | datan kêna umijil ||
19. Mijil
1. ênêngêna nênggih kang ginupit | kocapa sang katong | natèng Cina ngaturkên putrane | marang sang prabu ing Majapait | warnane linuwih | kuninge umacur[177] ||
2. lagya angajêngakên birai | mangkana sang katong | sarêng tumingal rêsêb galihe | mèh saemba Putri Darawati | mung era sadhidhik | warnane sang ayu ||
3. jêng sang nata karênan ing galih | dhatêng sang lir sinom | dèn inggahakên dadya garwane | pan asisih Putri Darawati | jêng sri narapati | sihira kalangkung ||
4. pan anunggu siyang klawan latri | tan ana kang katon | para sêlir myang jêjamahane | Putri Cina karabi |[178] sadaya kawiking[179] | para garwanipun ||
5. wêtara antuk sêtêngah sasi | panggihe sang katong | mèh supe dhahar lawan sare |[180] sangking sihira dhatêng Sang Putri | Cina anggrabini[181] | saya wuwuh ayu ||
6. duk
--- [f. 69r] ---
sêmona Putri Darawati | angrasa yèn kawon | ya ta mular asru tangise |[182] asêsambat ulihêna mami | maring yayah bibi | kapirsa sang prabu ||
7. sakêlangkung kèmêngan sang aji | ing galih akeron | dèn palaur Sang Putri Cinane | garwa ing Cêmpa atêmah mulih | tur kawitan rabi | lawan sang aprabu ||
8. dadya emut sang nata ing galih | ewuh atiningong | nadyan anaa sèwu rupane | datan padha Putri Darawati | nulya sri bupati | kang garwa sinambut ||
9. lah mênênga ariningsun gusti | aja gung wirangrong | nadyan ana si wong sèwu agèr | nora tinggal marang ing sirèki | sêtyanana gusti | mung sira kang ketung ||
10. upamakêna kawula gusti | yèn asih maringong | dèn kadya sih ing sinjang pangangge | pasthi kang ati asalin-salin | pugêraning rabi | tan lyan sida maskun ||
11. maksih karuna sang pramèsyari | binêkta mring langon | lah mênênga ariningsun anggèr | ingkang asawang intên ingukir | yèn sira tan apti | gusti amêmaru ||
12. lan Putri Cina sun buwang yayi | datan etang ingong | sok enaka atinira anggèr | kèndêl kang garwa wêkasan angling | nora pênging rabi | tan ajrih mêmaru ||
13. nanging yèn sampun darbe kêkasih | dèn mulat maringong | pirsanana manahe wong akèh | lamun wontên ingkang dèn kasihi [ka...]
--- [f. 69v] ---
[...sihi] | kongsi nungku sasi | mara gagra katun[183] ||
14. angandika sang sri narapati | kang garwa nèng pangkon | yèn mangkono ariningsun anggèr | nora nana prayoganing maning | Putri Cina yayi | aduga lan ingsun ||
15. yèn tan kalakon sun buwang yayi | tansah agung katon | baya kêna isun ing gunane | tan pêsaja iku sun arani | ya ta sri bupati | karya surat sampun ||
16. pinaringkên Gajahmada Patih | karsane sang katong | sampun kawrat ing dalêm surate | kyana patih wus tampi kang wangsit | binêkta sira glis | ing Cina sang ayu ||
17. duk sêmana Arya Damar mulih | mring Palembang alon | nanging kandhêg Garêsik lampahe | nora mancal anganti mênawi | wontên wêling kari | dohing Majalangu ||
18. Patih Gajahmada gya lumaris | tan abêkta uwong | nanging lan upacara lampahe | nulya prapta nêgarèng Garêsik | Ki Arya kapanggih | mèh mangkat mring laut ||
19. Arya Damar lèngsèr dènnya linggih | ki patih lingnya lon | ulun iki ingutus wiyose | dene Sang Nata Majapait |[184] pêkênira tampi | nawala sang prabu ||
20. Arya Damar sigra anampani | surate sang katong | wus kadhadha nawala têmbunge | saèsthi praya kawrat ing tulis | Arya muwus aris | ature anuhun ||
--- [f. 70r] ---
21. ing pasihan jêng sri narapati | kang dhawuh maringong | marma nganti ing ngriki lamine | yèn wontên parintah nusuli |[185] têbah Majait[186] |[187] nganti karsa ulun ||
22. tan antara Gajahmada mulih | lampahira alon | sampun prapta ing Majapaite | sri nalendra sêmana tinangkil | bungkuh[188] kyana patih | ing ngarsa umatur ||
23. lampah ulun abdi dalêm patih | mundhi surat katong | Arya Damar langkung panuhune | paring dalêm putri wus katampi | myang naosi tulis | sri nata katun |[189]|
20. Sinom
1. kocapa Ki Arya Damar | mancal sangking ing Garêsik | pan sampun ambabar layar | angin timur dèn tadhahi | palwanira tuk angin | kadya kilat lampahipun | wus prapta ing Palembang | mêntas sangking palwa aglis | Arya Damar malêbêt ing dalêm pura ||
2. wêrnanên Sang Putri Cina | rinêksa ing dalêm puri | sampun prapta ing sêmaya | tatêpining Majapait | sigra babar sang putri | jalu wêrnane abagus | ya ta sinungan enya | risampunira alami | Putri Cina kapanggih lan Arya Damar ||
3. langkung dènira pasihan | jalu èstri samya asih | Arya Damar angrêrêpa | nora nyana ingsun gusti | karane nora rabi | durung olih kang panuju | baya andika [andi...]
--- [f. 70v] ---
[...ka] mirah | wangsiting Yyang kinèn nganti | nanging yayi muga tulusa sihira ||
4. mèngsêm Sang Putri Cina |[190] miyarsa wuwuse laki | saklangkung ing sihira |[191] pan nungku siyang lan latri | kapanggih tigang sasi | ya ta grabini sang ayu | nyidham-nyidham kaworan | warna saya wuwuh adi | sampun prapta sêmaya ing sangang căndra ||
5. jabang bayi sampun babar | miyos jalu langkung pêkik | kang rama kalitang[192] suka | tinêkan panêdhanèki | angrasa darbe kanthi | titipaning Majalangu | pan sampun ingaranan | putra sangking Majapait | Radèn Patah Radèn Usèn kang taruna ||
6. Arya Damar angandika | marang garwa ngasih-asih | putraningsun wus diwasa | yèn sêmbada sira yayi | sun jênêngakên aji | gumantia marang ingsun | putranira kang tuwa | wus prayogya dadi aji | ingkang anom dadia pêpatihira ||
7. Radèn Patah dadi nata | Radèn Usèn dadi patih | manira yayi mêgawan | mungpung ingsun misih urip | amamong[193] putra kalih | mapan ingsun wus asêpuh | kang gar Putri Cina |[194] anurut karsaning laki | măngsa barong[195] kakang ing karsa andika ||
8. nanging watir kawula |[196] yèn ki radèn dadi aji | dening durung wruh wêweka | bok inganti taun malih | putra kalih sumandhing | mirsa sawirasaningpun[197] | Ki Arya Damar nabda | wruhanira [wruhani...]
--- [f. 71r][198] ---
[...ra] iku yayi | putranira Radèn Patah wus cinêtha ||
9. besuk dadi Ratu Jawa | sasirnane Majapait | karane ta dhininginan | anggêntyanana ing mami | mung putranira yayi | dadi wonde[199] atiningsun | kang ibu nulya nabda | kaki radèn kadipundi | anuruta sakarsane ramanira ||
10. Radèn Patah aturira | asru lênggana ing kapti | yèn gumantia ing nata | dene maksih cupêt budi | tuhu jugul ing ati | dèrèng wruh sasmita luhung | ingèngsêman sujana | yèn ingsun gumanti aji | pêsthi merang ing jênêng kawulaningrat ||
11. utamane kang nalendra | wêruha ing tata titi | tampi kawula ngadêga | cupêt ing sakalir-kalir | punapa ingkang margi | yèn purun umadêg ratu | Arya Damar tan mujar | wuwuse putra nglarêsi[200] | Radèn Patah
--- [f. 71v] ---
sasmitane lir wong tuwa ||
12. Arya Damar linge nala | kaduwungipun kapati | mudur kaya wong ginugah | kadi wong sinungan peling | durung-durung udani | ingsun kaya awèh tuduh | anutuh kang sarira | kang garwa mangkana malih | ingkang putra manahe sampun awayah ||
13. sêmune sampun gumantya | marang kang aduwe titis | mangkana Rahadyan Patah | myarsa pasrahing sudarmi | asru pêtênging galih | kagagas sajrone kalbu | mèh surup ingkang arka | wayahipun têngah wêngi | Radèn Patah mangkana rasaning driya ||
14. dèn angên-angên ing manah | yèn ora ingsun gingsiri | pêsthi yèn ingsun pinêksa | ing rama gumantya aji | karsanira anilib | dènnya lalos wayah dalu | nèng urung-urung toya | marganira dènnya mijil | glis lumampah karainan têngah wana ||
15. suminging pinggiring jurang | sumêngka
--- [f. 72r] ---
luhure wukir | tan ana ingkang kaetang | nurut sasêdyaning ati | sata wona munya jrit | kadya bagèkkên kang rawuh | rahadyan ingkang prapta | mangkana ciptaning ati | dènnya mlaku sadalu datan anendra ||
16. pasthi prayogya kèndêla | kang paksi asuka peling | mangkana siptaning manah | ya ta arsa dèn turuti | pelinge ingkang pêksi | anulya ana kang nusuh | manggih bèji araras | punika kang dèn ampiri | pan alinggih rahadèn pinggire toya ||
17. ênêngêna lampahira | kocapa sajrone puri | pawongan kagèt sêdaya | dening radèn nukmèng wêngi | pasarèane sêpi | dèn wêtara kesahipun | têngah dalu sêmana | kang sêlir sadaya anjrit | pan gumêrah arsa matur mring kang rama ||
18. Radèn Usèn amiyarsa | enjing anulya nututi | tan arsa kantun ing raka | pêjah gêsanga umiring | manjing ing wona giri | Arya
--- [f. 72v] ---
Damar kang winuwus | sakèhe kang parêkan | umatur atawan tangis | yèn kang putra têngah dalu kesahira ||
19. ingkang rayi sarêng enjang | Radèn Usèn tan kaèksi | ya ta kagyat Arya Damar | kang rayi asru anangis | Sang Arya ngandika ris | sakathahe mantrinipun | padha angulatana | anak ingsun dèn kapanggih | Putri Cina kêdah anusul kang putra ||
20. Arya Damar lan kang garwa | ya ta ngulati pribadi | dènnya nlisik jrone pura | pêpungkuran tan kapanggih | tuhu kalamun sêpi | putra kalih sami suwung | kang rama tan anyana | putra kang anèm tut wuri | Arya Damar arsa mijil jaba kutha ||
21. mangkana nitih dipăngga | akalihan pramèswari | dèn iring kang wadyabala | miwah ingkang para mantri | samya angiring-iring | miyos jawi kuthanipun | têpis iringing [iring...]
--- [f. 73r] ---
[...ing] desa | têlas tan ana kapanggih | malah prapta lêlampahan kalih dina ||
22. Arya Damar angandika | dhatêng garwa amlasasih | lah ta yayi putranira | lungane rahadyan kalih | yêkti datan kapanggih | jangjining Yang Maha Luhur | yayi pan ora bakal | lungane putranirèki | pirabara sok uga kawarasana ||
23. ingkang rayi tanpa ngucap | dèn rasa yèn sampun takdir | Arya Damar nulya bubar | kondur angadhaton aglis | myang sakèhe
--- [f. 73v] ---
sah
[...]
kang mantri
--- [f. 74r][201] ---
kang mantri | sadaya pan samya mantuk | mring wismane sowang-sowang |[202] mangkana sajroning puri | ingkang ibu langkung kêkêl jroning manah ||
24. sigêgên kang kantun pura | kocapa kang nukmèng latri | Radèn Usèn lampahira | kang raka kang dèn tututi | lumampah sarya nangis | kakang antènana ingsun | mulat ngalor mangetan | ngulon ngidul tan kaèksi | sigra mènèk nginggil wrêksa sira radyèn |[203]|
25. ainggil kang punang gurda | Radèn Usèn aningali | awêtawis saujona | wetan bênêr aningali | ingkang raka kaèksi | alinggih têpining ranu | Radèn Usèn lingira | pan sadya dèn parêpêki | wus tumêdhak sangking nginggile kang wrêksa ||
26. mênawa ingsun tinaha | dèn nyana tumut ngulati | pasthi kagyèt wruh maringwang | anduga ingsun nututi | yêktine dèn lungani | sun sêngadi nora wêruh | sun palipir ing lampah | pindha-pindha tan udani | lampahira sawêtara sadungkapan ||
27. Rahadyèn Patah tumingal | wêspada yèn ingkang rayi | lampahira amaliwat | kang raka sampun ngawruhi | dèn awe ingkang rayi | api kagyèt nulya maju | yayi para mrenea | sira iku marang ngêndi | Radèn Usèn nungkêmi padaning raka ||
28. umatur sarwi karuna | karasa solahing nguni | ingkang raka angandika | yayi sira marang ngêndi | kang rayi matur aris | rama dukane kalangkung | dene ulun tan arsa | pinêksa dadi pêpatih | raosipun kawula pinrih kesaha ||
29. mila sah sangking Palembang | bêja sampeyan nyarêngi | kapanggih wontên ing wona | kakangmas lamun suwawi | dhatêng ing tanah Jawi | ngawula mring Majalangu | mapan ta Brawijaya | ratu dibya anung sêkti | palamarta adil angapurèng pindha ||
30. Radèn Patah angandika |
--- [f. 74v] ---
mangkono karsamu yayi | akarsa mring tanah Jawa | yayi ingsun atut wuri | milu maring sirèki | karsanira ingsun turut | aja pisah lan ingwang | barênga sapati urip | nulya sarêng lêpas dènira lumampah ||
31. ana ta uwong bêbegal | kêkalih angadhang margi | purwane bêbotoh kalah | ngadu ayam gimêr kênthing | têlas darbenerèki | anak rabine anunggu | manahe anggurangsang | dadya jurjana mêmaling | loro sanak aran Supali Supala ||
32. mapan dadi panganira | kayane angadhang margi | sêmona nulya tumingal | yèn ana jalma kêkalih | nulya mêgati margi | ngêmbat watang nguwuh-uwuh | marang ing kakangira | ana jalma sun tingali | pan wong loro iku yogya pangan ingwang ||
33. Radèn Usèn wuwusira | nênggih kakang wontên jalmi | kadya tiyang ambêbegal | sami angadhang ing margi | kathahe mung wong kalih | sampeyan yitna ing kewuh | kang raka wus prayatna | ingsun papage pribadi | Radèn Patah umangsah sarwi prayitna ||
34. tan antara nulya prapta | aran Supala Supali | anggêtak mring Radèn Patah | hèh wong ngêndi sira iki | wong roro pêkik-pêkik | lumaku ing alas agung | lan sapa jênêngira | Radèn Usèn anauri | wong bêbegan[204] sira sapa jênêngira ||
35. dènira angadhang marga | angandhêg wong liwat margi | aja sira salah karya | mireya ingsun lumaris | Supala anauri | iya wong bêbegal ingsun | aran ingwang Supala | ariningsun Ki Supali | marma begal pan wus dadi pangan ingwang ||
36. Radèn Usèn saurira | iya Supala Supali | tan suka
--- [f. 75r] ---
ingsun ing sira | panganggo sira tingali | mapan panganggo iki | sarêng pêcat lan roh ingsun | nadyan sira ambila | yèn ingsun uwis ngêmasi | pun Supala Supali nulya nêrajang ||
37. Radèn Usèn datan obah | cinêkêl riningkus kalih | kinipatakên sêksona | nulya tiba kasaliring | lambe jongor sapalih | kabêntus untune runtuh | anging arsa nuduka | rahadèn datan gumingsir | pun Supala anglir nubruk wêwayangan ||
38. tan antuk panudukira | kiniwa pan datan gingsir | panuduke tuna dungkap | kasuliring tibèng siti | bêrangkangan wong kalih | kêna walat banjur lumpuh | picêk karo netranya | asêsambat amlasasih | apan nêdha apura dhatêng rahadyan ||
39. punaginingsun ngawula | waluya alumpuhnèki | dadi ngabdi têtêbusan | Radèn Usèn sigri[205] angling | pun kakang kadospundi | karsane dhatêng wong iku | Radèn Patah ngandika | yèn sêmbada sira yayi | waluyakna Si Supali lan Supala ||
40. anuli padha muliha | marang wismanira malih | pun Supala amiyarsa | nulya waluya kang sakit | kalih pisan ngabêkti | kasêrêngên ciptanipun | barat agêng kang prapta | pun Supala katut angin | sampun lêpas kadya wong sinambêr dhangdhang ||
21. Dhandhanggula
1. Radèn Usèn ya ta matur aris | kakang êmas yèn suwawi karsa | lumampaha dipun age | pasisir kang jinujug | sami ngadhang juragan mampir | mênawi kaparêngan | suwawi anunut | Radèn Patah kaprayoga | saunjuke kang rayi dhatêng nuruti | sigra sami lumampah ||
2. radèn kalih sangang dina margi | datan mawi
--- [f. 75v] ---
dhahar lawan nendra | anyadhêki[206] pasisire | mèh angungang kadulu | gunung luhur pinggir jaladri | ujunge kaunggahan | yèn kala rob agung | mapan asri katingalan | pêpantêse dadi ênggène wong brangti | radèn kalih kacaryan ||
3. sapratanira ardi pasisir | parang taritis tilas patapan | ing Arsamuka wêstane | wrêksa aking ing luhur | tigang căndra radèn tan gingsir | wraksa aking apatra | panas dadi aub | ana juragan alayar | ing samodra parau kandhêg tan gingsir | ki juragan kewuhan ||
4. ki juragan sigra aningali | pinggir pasisir amawi teja | satirisan pangadêge | ki juragan ling kalbu | yèn kênaa parau pami[207] | sangking ênggène obah | sun mêntas mring gunung | amriksanana kang teja | yèn sujalma punaginingsun ngabêkti | nulya kang palwa obah ||
5. dyan lumampah palwanira aglis | yèn jilmaa ciptane kang palwa | angajak marêk rahadèn | ki juragan amuwus | baya iki pitulung Widi | hèh sakèhèng[208] pandhega | anêdhaa beluk | dhinunung prênahing teja | badheningsun ana satriya anêpi | baya trusing kusuma ||
6. palwanira lir miyang pribadi | sigra dhatêng Giri Arcamuka[209] | palwa cinacang[210] pinggire | juragan nulya mudhun | dyan sumêngkèng luhuring ardi | sêdyane linampahan | juragan puniku | saciptanira mring radyèn |[211] katingalan ing gunung jalma kêkalih | tuhu yèn amartapa ||
7. nulya dhatêng bayu badra angin | umyus mêsês anêmpuh ing wrêksa | kayu gêng sêmpal êpange | juragan [juraga...]
--- [f. 76r] ---
[...n] sigra cundhuk | ing ngarsane ingkang palinggih | abukuh luguhira | rahadèn amuwus | ing pundi kang palayaran | ki juragan umatur wêcana manis | kawula tanah Jawa ||
8. mila prapta ing samodra ngriki | palwa kandhêg datan kenging layar | pitung dina ing kandhêge | darbe panagi[212] ulun | sumangsane baita mami | kalamun kenging layar | samya mampir ulun | ing mangke panggih paduka | antènana ulun luwari punagi | aglisa pratèng Jawa ||
9. purwanipun paduka ing pundi | amartapa pinggiring samodra | dene tan ana lamine | Radèn Patah amuwus | kawijilan manira singgih | Arya Damar Palembang | ingkang asêsunu | marma sah sangking nêgara | pan pinaksa manira jumênêng aji | ingsun asru lênggana ||
10. ki juragan lamun sira mulih | maring Jawa ing sêdya mênira | sun nunut maring dhèwèke | ki juragan umatur | sakêlangkung lêganèng galih | kadya amanggih rêtna | agênge sagungnung[213] | kawula angistokêna | malah mandar panduka kang tinut wuri | madhangkên tyas kawula ||
11. ki juragan myang rahadèn kalih | sigra mudhun marang ing samodra | anulya babar layare | aglis lampahing laut | palyanira pan antuk angin | prapta ing Surabaya | radyèn nyawuk banyu | gandanira amrik sumyar | mring juragan rahadèn ngandika aris | manira udhunêna ||
12. iki tandhane yèn ana adi | banyu muara wangi sun gănda | karane rèrèh ing kene | anulya padha mudhun | Ngampèldênta dhusun wêwangi | Radèn Patah tumingal | pasigite unggul | ngungang bandar Surabaya | radèn kalih kacaryan dènnya ningali | malêbèng Ngampèldênta ||
--- [f. 76v] ---
13. Radèn Patah lawan ingkang rayi | kandhêg jaba anèng bale panjang | pajêmuwaning wong akèh | paliwaraning wiku | aran Jagawasita nênggih | lagi mring bale panjang | amanggihi tamu | dènira linggih atita | lir wong kêmbar kalih samya pêkik-pêkik | lir Bathara Asmara ||
14. Jagawasita malêbèng puri | tur uninga mring kangjêng susunan | ingkang pinundhi ing Ngampèl | jawi wontên têtamu | wong kêkalih warnane pêkik | kadya wayang kinêmbar | sami bagusipun | angandika ing wardaya | sang pandhita baya ta jalma linuwih | rahadèn pratèng ngarsa ||
15. Kang Sinuwun Ngampèl ngandika[214] ris | kaki radèn ing pundi pinăngka | ulun pirsa lagi mangko | andulu ing mas putu | Radèn Patah umatur aris | pan kawula punika | nênggih asal ulun | sangking nagri ing Palembang | milanipun kawula dhatêng ing ngriki | rumaos maksih mudha ||
16. Susuhunan Ngampèl ngandika ris | kaki putu tan samar kawula | yèn para jalma di anggèr | pantês têrahing ratu | ingsun sawang warnane rèki | sun têngahing wêta[215] |[216] ing tindak myang tanduk | miwah tejaning paningal | laku linggih solah muna lawan muni | yêkti wijiling nata ||
17. Radèn Patah matur angabêkti | kadospundi ingkang pangandika | jalma kang dhatêng ngarsane | busona wastra lusuh | pratandhane tan wontên kari | Pandhita Ngampèldênta | mèngsêm ing pandulu | yêkti kabayaning ujar | pangucape yêkti kabayaning ati | ati kabayan sukma ||
18. sukma sari sari sarasaning | sela krama solah bawanira | ing kalbu kalairane | kalairaning kalbu | yêkti naya netya nampani [nam...]
--- [f. 77r] ---
[...pani] | sawadining wrêdaya | netya cahyanipun | ing wêcana gène wêdhar | pan ing kono panêngrêran jalma adi | widyanyèng[217] cipta maya ||
19. Radèn Patah nêmbah ing sang yêkti | pan kêkênan saciptaning rasa | sang pandhita andikane | anêmbah sira putu | maring ingsun sira puniki | pira kathahing sêmbah | yèn tan wruh ing tuduh | dadi nêmbah tawang-tuwang | tan sampurna dènira jênêng jalma di | wacananira batal ||
20. Radèn Patah angling sasming galih | amiyarsa sabdaning pandhita | tan măntra wêruh têgêse | purwakane ing tanduk | silakrama gène ngawruhi | karuwuning agama | kang pinrih aguru | angulati kasantikan | yèn tan mantra ing kalbu dipun singgahi | tangèh dadi sujona ||
21. lir katurunan lelatul kadri | samaneka wus têkèng wrêdaya | dèrèng tumon salamine | katêkan jlêg anurun | yèn liyana ataki-taki | tan liya anging iya | bisa tanpa wuruk | kang dadi nayakaningrat | yèn ugi satrêrah-trêrahing jalma di | tan mênang mangkanaa ||
22. Radèn Patah matur angabêkti | ulun niki nêdha jarwanana | sêmbah ika sampurnane | ngandika sang alungguh | kang sinêmbah ingkang kariyin | bapa dene ayoga | kaping kaping kalih guru |[218] marmane guru sinêmbah | nampurnakkên ing ngilmunira sajati | gusti kang kaping tiga ||
23. prakarane sinêmbah kang gusti | dening purba lawan amisesa | kaping pat ing martuwane | dening sinêmbah iku | dening awèh rasa sajati | kaping lima sinêmbah | dulur tuwa iku | dening gêgantining bapa | iya iku lêlima kathahing bêkti | iku kang katarima ||
24. Radèn
--- [f. 77v] ---
Patah micara ing ati | sang pandhita waspadèng paningal | widadya sawêcanane | nyata pandhita lunghung[219] | sang pandhita aris nauri | arane sun waspada | maring sira putu | tan beda lawan manira | anglêlana atilar yayah lan bibi | sru brăngta mati raga ||
25. ulun iki dudu ing wong Jawi | putranira sang putri ing Cêmpa | ramaningsun sangking tulèn | trêrah nabi panutup | angajawa ingkang kêkasih | Makdum Brahimasmara | samana andunung | ana nagara ing Cêmpa | rabi putri owah ping pitu kang warni | iku pêputra ingwang ||
26. kang paduwa[220] warnane sayêkti | ing sadina pan owah ping lima | uwak ingsun ing bênêre | kala dening sang prabu | Ratu Jawa ing Majapait | marmaningsun ngajawa | kinon dening ibu | atinjo marang ing uwa | kang sun tilar ing Cêmpa sampun kawarti | ginêmpur wong Pratokal ||
27. Radèn Patah kang winarna malih | kang patutan sangking Putri Cina | Sang Brawijaya putrane | anèng Palembang sampun | angajawa lawan kang rayi | sadhèrèk sanès roma | nênggih tunggil ibu | Radèn Usèn namanira | asawita Brawijaya Maospait | jumênêng pêcattăndha ||
28. pan sinungan ing Trêrung nêgari | Radèn Patah tan arsa suwita | angaji mring Sunan Ngampèl | ing Ngampèl kang sinuwun | garwanira ingkang winarni | putrane Aryateja | Tuban nagrinipun | lagi pêputra lêlima | ingkang sêpuh Nyai Gêng Manyura nênggih | anulya Sunan Bonang ||
29. Jêng Susunan Darajat kang rayi | Nyai Agêng Manyura pêputra | Nyi Gêng Maloko arane | pinanggihakên sampun | lawan Radèn Patah anênggih | dadya Rahadèn Patah | kambil mantu
--- [f. 78r] ---
putu | mring Susunan Ngampèldênta | Radèn Patah wus kandêl agama suci | tinuduh mring kang eyang ||
30. radèn sira lungaene[221] glis |[222] angulona yèn manggih gêlagah | nèng alas wangi gandane | dhukuhana sirèku | anrapêna agama suci | ing sarak Rasulullah | mênawa ing besuk | lama-lama dadi kutha | pasthi sira mimiti agama sukci | mêkasi Ratu Buda ||
31. Radèn Patah nêmbah nuwun pamit | sakêlangkung dènira ngèstokna | dening tuduhing gurune | angilèn lampahipun | duk sêmona pan sampun prapti | ngalas manggih gêlagah | gandane mrik arum | nulya wona dhinukuhan | lama-lama kathah kang samya tut wuri | adhukuh ing Bintara ||
32. amêmuruk agamaning nabi | sakathahe wong kang tumut wisma | sampun ngadêg Jumungahe | sangsaya kathah rawuh | wong pasisir măncanêgari | awisma ing Bintara | wus dadya praja gung | wêtara wontên salêksa | kapiyarsa Brawijaya Majapait | nimbali pêcattăndha ||
33. adipati ing Trêrung wus prapti | mugèng ngarsanira sri nalendra | sang nata pangandikane | sira Dipati Trêrung | asaosa praboting jurit | ing kulon kene ana | uwong adhêdhukuh | ing wona bumi Bintara | wus angrêbda mênawa angratu benjing | age gitikên yuda ||
34. sang dipati ing Trêrung wotsari | pukulun ingkang dhadhêkah Bintara |[223] kadang kawula yêktine | sadhèrèk tunggal ibu | nanging sanes ingkang mancêri | kawula pan wêdalan | Palembang satuhu | pun kakang Rahadèn Patah | kang wawratan pun ibu kala ing nguni | kang sangking tanah Jawa ||
35. amiyarsa aturing dipati | Brawijaya
--- [f. 78v] ---
emut ing tyasira | yèn kang ibu titipane | angandika sang prabu | marang sira sang adipati | ya sira lumakua | timbalana gupuh | praptaa ing ngarsaningwang | aturira sandika sang adipati | wus mêdal sangking pura ||
36. tan winarna lampahira margi | sampun prapta ing bumi Bintara | wus panggih lawan kadange | timbalan dalêm dhawuh | mring kang raka saha tur bêkti | jêngandika ngandikan | marang sang aprabu | Radèn Patah wuwusira | mring kang rayi sandika sigra lumaris | prapta ing Majalêngka ||
37. Radèn Patah tinilar ing jawi | ingkang rayi lajêng mring jro pura | umatur dhatêng sang natèng | pinarak sang aprabu | Sang Dipati Trêrung ngabêkti | umatur lampahira | marang sang aprabu | abdi dalêm sampun prapta | pagêlaran asaos ngarsa narpati | sang nata angandika ||
38. kinon lajêng lumêbêt jro puri | Radèn Patah wus prapta ing ngarsa | lir kojêm siti mukane | pinandêng ing sang prabu | sadangune dènira linggih | sang nata angandika | marang cèthinipun | sira mundhuta paesan | wus cumaos paesan ngarsa nêrpati | sang nata sigra mangwang ||
39. Brawijaya ciptèngira ngati | iya nyata iki anak ingwang | ingsun titipkên ibune | duk sun paringkên wau | mring Palembang wawrat tri sasi | sun wêkas Si Dipatya | Palembang rumuhun | dhawuh marang ingkang putra | angandika pan sarwi asung wêwangi | Adipati Bintara ||
40. Radèn Patah mapan sampun lami | masanggrahan anèng papungkuran | sampun nêm sasi lamine | kathah wong Majalangu | ingkang prapta samya angabdi | miwah manjing sakhabat | tan ingaru-aru | akathah kang samya Islam | salamine rahadèn ing Majapait | murah ingkang tinumbas ||
41. ingkang tinandur [ti...]
--- [f. 79r] ---
[...nandur] langkung nuwuki | miwah maling jurjana pan sirna | tinurutan sakarsane | mring kang rama sang prabu | Radèn Patah dèn andikani | kulup wêruhanira | ing Bintara iku | anama nagara Dêmak | pakumpulan sakèhe pandhita wali | purwane Jawa Sêlam ||
42. adipati sira wus alami | amuliha marang ing Bintara | arjakêna nêgarane | sabên ing măngsa taun | asebaa mring Majapait | poma sira istokna | ing wêwêkas ingsun | lan manira awèh bala | wong salêksa anggêmahêna nêgari | kang putra atrur[224] sêmbah ||
43. sampun lèngsèr ing ngarsa nrêpati | Sang Dipati Bintara wus mêdal | lampahe lajêng mring Ngampèl | arsa sowan ing guru | kang pinundhi ing Ngampèlgadhing | nêgari Surabaya | wus Sêlam rumuhun | timbalane Browijaya | ingkang sênêng wong Jawa tan dèn wangêni | ngimanakêng kang putra ||
44. Sang Dipati Bintara wus prapti | Ngampèldênta ngarsane kang eyang | sujud mangaras padane | alon ing aturipun | pan kawula anuwun idi | arsa kawula bêdhah | nagri Majalangu | sênajan punika bapa | ratu kapir tan anut agama nabi | sang wiku angandika ||
45. aja mangkono karsamu kaki | ramanira apan nora nyêgah | ing wong nganut agamane | apadene maringsun | sinakarêp lan dèn paringi | gèn ingsun dadi iman | ing Surabayaku | apadene sira nyawa | pinaringan ing Dêmak nama dipati | linilan mangun sarak ||
46. apa cacade ramanira ji | najan durung karsa ing agama | Alah durung marêngake | aja anggege laku | dèn narima titahing Widi | kang wayah atur sêmbah | pan sarwi tumungkul | cinarita kalih dina | Sang Dipati Bintara nèng Surawisthi[225] | wus kondur marang
--- [f. 79v] ---
Dêmak ||
47. datatita lingira ing nguni | tan cinatur gancaring carita | cinatur cêndhêke bae | kathah mulana rawuh | sangking sabrang samya ngajawi | nuntên wontên mulana | Bêlambangan rawuh | krama putri Bêlambangan | mapan sampun pêputra jalu satunggil | ingambil pinutra-putra |[226]|
48. dene nyai patih ing Garêsik | wus diwasa kinèn angajia | anyabat Susunan Ngampèl | sampun pinundhut mantu | mring sinuwun ing Ngampèlgadhing | putra ingkang panênggak | anulya tinuduh | nèng Garêsik dadya iman | lan Sidayu jumênêng Susunan Giri | wontên malih kang prapta ||
49. maulona sangking Ngatasangin | Kalipah Khusèn jêjulukira | pan sampun prapta ing Ngampèl | datan lami tinuduh | mring sinuwun ing Ngampèlgadhing | dadya iman Madura | Lêmbu Pêtêng sampun | Islam nagari Madura | myang Sumênêp Balega agama sukci | Kalipah Usèn krama ||
50. lan putrane Ki Arya Baribin | wontên malih maulana prapta | Ululiman kêkasihe | ing Ngampèl sampun rawuh | pan tinuduh marang sang yogi | dadya iman Sêmarang | wontên malih rawuh | samya trah nabi panutan | têdhaking Sèh Mukamadil Kêbari |[227] prapta ing Ngampèldênta ||
51. wus tinuduh kinèn angimani | ing nagari Carêbon sadaya | Pajajaran Karewange[228] | agêng Jumungahipun | nama sunan ing Gunungjati | ajar pan sampun sirna | kang ngimani rawuh | mangkana ing tanah Jawa | sampun kathah kang pandhita para wali | wontên malih winarna ||
52. Ki Tumênggung Wilatikta nênggih | putranira Ki Arya Suteja | kaipe mring Sunan Ngampèl | darbe atmaja jalu | akêkasih Rahadèn Sahid [Sahi...]
--- [f. 80r] ---
[...d] | gêguru Sunan Bonang | tan wruh sanakipun | ing pulo Upih pratapa | dèn pèk ipe mring sunan ing Gunungjati | jumênêng Sèh Mêlaya ||
53. adhêdhukuh Kalijaga nênggih | Sèh Mêlaya sangêt tapanira | dadya luhur kamulyane | jumênêng Wali Kutub | kang sinêmbah ing Lèpènjagi | mulona kathah prapta | mangkana winuwus | Kang Sinuwun Ngampèl seda | wus sinare nênggih wontên Ngampèlgadhing | wali prapta sadaya ||
54. nyalatakên ingkang sampun lalis | Sunan Bonang sampun ingistrenan | dadi iman wali kabèh | Susunan Bonang wau | sasedane rama gumanti | jumênêng waliyolah | Murya lan ing Ngundung | mangkana ing nagri Dêmak | saya arja sigêgên ingkang rumiyin | kocapa Brawijaya ||
55. sri nalendra kang lagya tinangkil | ing witana dènira alênggah | ing dhêdhampar kêncanane | lalèmèkira babut | pinatik ing rêtna kang adi | abre[229] bujalanira[230] | kinarya baludru | pêpêk sêntona myang putra | angabèi tumênggung arya dipati | răngga lan pandêlêgan ||
56. sri nalendra angandika aris | juru tênung juru tabib sira | miwah si juru nujume | besuk sapungkur ingsun | apa ana ingkang gêntosi | saturun-turun ingwang | anèng Majalangu | kang jumênêng Brawijaya | kaya ingsun umatura kang sayêkti | pun nujum atur sêmbah ||
57. sang patikbra turun sri bupati | mapan kantun tumêdhak ping tiga | kang sami jumênêng natèng | inggih têdhak pukulun | lan ing têbe[231] ngalih nêgari | panjênêngan ing Dêmak | ing sasirnanipun | panjênêngan sri ing Pajang | sasirnane jumênêng nagri Mêtawis | ratu tanpa sisingan ||
58. aluwaran [aluwara...]
--- [f. 80v] ---
[...n] sang nata tinangkil | wus malêbêt kundur angadhatyan | widagdya nata prabune | risang nata cumundhuk | lawan putri ing Darawati | tan kawarna laminya | akaronron[232] lulut | samana anulya gêrah | saya sangêt rajasinganên sang aji | alami tan sineba ||
59. datan ana usada nyênggangi | gêrahira sampun tigang căndra | pan dèrèng wontên sênggange | ing wayah têngah dalu | ana syara ingkang dumêling | sang nata amiyarsa | gêrahira ira iku |[233] yèn sira arsa waluya | gêrahira anganggea Wandhan Kuning | nulya wungu sang nata ||
60. sawungune garjita ing galih | angandika marang ingkang garwa | anutur syara dêlinge | ingkang garwa umatur | gih kawula sri narapati | adarbe kang pawongan | Wandhan Kuning iku | babêktan sangking ing Cêmpa | wijilipun punika inggih kariyin | boyongan sangking Wandhan ||
61. punika putri ing Wandhan Kuning | milanipun anèng nagri Cêmpa | duk kala Wandhan bêdhahe | anulya sang aprabu | punang Wandhan dipun sarèni | sapisan nulya waras | gêrahe sang prabu | laminira sri nalendra | anyarèni wanodya tan kadya mangkin | nikmate kang salira ||
62. ya ta wawrat Rêtna Wandhan Kuning | sampun lami jangkêp ing sêmaya | sêksona babar putrane | jalu warnane bagus | cahyanira amindha sasi | sêdhêng lagi purnama | wus katur sang prabu | yèn Ni Wandhan Kuning babar | miyos jalu warnane tuhu apêkik | cahya kadi sêsăngka ||
63. sigra pinundhut kang jabang bayi | ing sang nata anulya winangwang | nyata yèn bagus warnane |
--- [f. 81r] ---
angandika sang prabu | kinèn nimbalana tumuli | ing wong kajuru sawah | inggal kang ingutus | tan asuwe nulya prapta | juru sawah lumêbêt sajroning puri | ing ngarsa sri ing ngarsa sri nalendra |[234]|
64. Brawijaya angandika aris | dhatêng ingkang abdi juru sawah | juru jabang bayi kiye | sun paringkên sirèku | lah akunên anak sayêkti | ingsun tan mirsanana | sakarêp-karêpmu | juru sawah atur sêmbah | sarwi tănpa[235] nênggih ingkang jabang bayi | lèngsèr sangking ngajêngan ||
65. ênêngêna wontên kocap malih | nyai agêng ing Tarub punika | satilarira kakunge | sêdaya wong ing Tarub | datan owah kadya ing nguni | ing pangidhêpanira | manjing anak putu | kala maksih ingkang raka | dadya mangke mapan taksih mundhi-mundhi | angalap bêrkatira ||
66. Kyai Agêng Tarub sampun lami | sedanira dèrèng darbe putra | ki agêng gêdhe tapane | milane anak putu | nyai agêng pinundhi-pundhi | barkate ingkang raka | kang sinuwun-suwun | adhêpe maksih tan owah | marang nyai agêng ing Tarub anênggih | tanapi wong Sêsela ||
67. duk sêmana nyi agêng winarni | anglêrêsi ing malêm Jumungah | dhepoke raka prênahe | ana katingal murub | sakêlapa agênge nênggih | dhukuh Tarub apadhang | lir siyang kadulu | nyi agêng kagèt tumingala |[236] lamun ana padhang dhepoke kang laki | pan sigra pinaranan ||
68. sarêng prapta dhepoke kang laki | kagèt mulat wontên lare jabang | jalu abagus rupane | gupuh Nyi Agêng Tarub | dyan ingêmban kang jabang bayi | binêkta marang wisma | bungahe
--- [f. 81v] ---
kalangkung | anulya damêl wêngwêngjah[237] | pan adhikut lir pendah adarbe bayi | wong Tarub padha gita ||
69. nyai agêng yèn adarbe bayi | sakêlangkung ing gumatinira | angrumati ing putrane | sakèhe wong ing Tarub | nora pêgat ngaturi bêkti | sabên dina mangkana | anak putunipun | angratêngi sêkul ulam | siyang dalu tan pêgat ngingon-ingoni ngoni |[238] kadya wong darbe karya ||
70. cinarita dhusun Tarub nênggih | pitung dalu lawan pitung dina | apan tan ana pêtênge | syaranira gumuruh | sakêlangkung sukaning[239] galih | anak putu sadaya | kinèn mêlèk dalu | kalangkung dinama-dama | nyai agêng kapingin pêputra singgih | mangke sampun tinêkan ||
71. mila dhatêng saraosing galih | sarta tinumbasakên puninika[240] |[241] ya ta ing duduh susune | ngiras kinarya babu | anging sira sang jabang bayi | tan arsa anusua | dhatêng babunipun | tansah nusu darijinya | sabên dina mangkana sang jabang bayi | saya agêng walagang ||
72. cinarita pan sampun alami | mèh diwasa nulya winastanan | Ki Jaka Tarub namane | sarta sapurugipun | Kae Jaka dipun tut wingking | dhatêng ing rare kathah | sadêdolanipun | mêndhêt dêrkuku kêndhêla | saya lami Ki Jaka diwasa singgih | arêmên ing tulupan ||
73. pan anêdha marang ibunèki | inggih ibu manira anêdha | dêmon kang pênêd rupane | nyi agêng lon sumaur | nora duwe manira gusti | lawan maninge nyawa | aja adoh iku | gusti dènira dêdolan | Tarub kene mapan aparêk wanadri | mênawa na rêncana ||
74. Kae Jaka asakit ing galih | mapan sangêt
--- [f. 82r] ---
ing ruditanira | kirang dhahar lawan sare | kang dados manahipun | amung dêmon ingkang kaèksi | nyai agêng tumingal | dhatêng putranipun | tan arsa dhahar anendra | sakalangkung marasipun ingkang galih | ningali ingkang putra ||
75. sarêng dalu wayahe kang wêngi | Kae Jaka asare sêmona | Ki Agêng Tarub dhepoke | wontên syara karungu | Kaki Jaka aja prihatin | apa kang sira sêdya | ing mêngke katêmu | pitulunge ing Yyang Sukma | marang sira kang dêmon siji abêcik | mawi sangkuh pucuknya ||
76. wruhanira sangkuh iku benjing | mapan kinarya tumbak prayoga | kang duwe turunmu dhewe | karana tumbak iku | wus pinasthi marang Yang Widi | pusaka Ratu Jawa | Palèrèd ranipun | kagèt awungu Ki Jaka | ingkang dêmon ana saluhuring guling | Ki Jaka langkung suka ||
77. sarwi cêcêp kêncana inganggit | sigra sinambut marang Ki Jaka | binakta prapta wismane | kang ibu kagèt dulu | ingkang putra dipun arasi | mring ngêndi sira nyawa | lungane sadalu | gawe sumêlanging driya | ingkang putra Ki Jaka umatur aris | sangking dhepoking rama ||
78. nyai agêng ing Tarub nabda ris | kulup iku apa sira gawa | dene abêcik rupane | arêmên ingsun dulu | Kae Jaka umatur aris | inggih ibu punika | dêmon wêstanipun | satangi kawula nendra | sumaladhang ing luhur kawula guling | punika purwanira ||
79. ingkang putra dyan rinangkul aglis | tan kayaa [ka...]
--- [f. 82v] ---
[...yaa] gusti anak ingwang | dene akathah bêjane | barang ingkang jinaluk | tinêkanan marang Yang Widi | Kae Jaka sêmona | marêm galihipun | yèn sira tan saba wisma | Kae Jaka anênulup ingkang pêksi | wus birai ing karsa ||
80. nyai agêng ya ta muwus aris | adhuh nyawa gusti anak ingwang | bok aja adoh lungane | lan maning wêkas ingsun | aja sira mangetan kaki | langkung angkêr kang wona | kèh silumanipun | tan mituhu ingkang putra | dawêg rêmên anênulup ing wonadri | sampun karsaning sukma ||
81. Kae Jaka aningali pêksi | sakêlangkung endah warnanira | amănca warna ulêse | Kae Jaka kapincut | aningali dhatêng kang pêksi | akarsa tinulupa | ingayatan sampun | kang pêksi angalih ing pang | sabên-sabên sok ajênga dèn ayati | ngalih kayon kang liyan ||
82. saya cuwa Ki Jaka kang galih | tinutakên ing saparanira | kalunta-lunta lampahe | pêksi mêksih binujung | wona ngetan ing Tarub nênggih | wontên punang têlaga | wêning toyanipun | sabên Gara Kasih ika | pan kinarya padusaning para prêri | kalangkung dènnya endah ||
83. amarêngi dina Gara Kasih | sakathahe prêri samya siram | anèng têlaga arame | Ki Jaka lampahipun | ponang pêksi kang tinut wuri | kawarnaa Ki Jaka | ing têlaga [tê...]
--- [f. 83r] ---
[...laga] rawuh | sadhatênge ing têlaga | punang pêksi anulya ilang tumuli | Ki Jaka kari gona ||
84. Kae Jaka amiyarsa singgih | syaraning dyah kang samya asiram | anèng têlaga prênahe | sigra pinaran gupuh | mring Ki Jaka nulya dèn intip | wrênane endah-endah | ing tyasira kenyut | aningali ingkang siram | Kae Jaka kalintang kasmaran galih | manah tanpa jamuga ||
85. salamine dèrèng aningali | ing wrênane wanodya kang endah | kaya kang siram rupane | paran ing polah ingsun | angênakna salah sawiji | nulya mantuk Ki Jaka | dhatêng wismanipun | anmêndhêt[242] sinjang rasukan | nulya wangsul dhatêng ing têlaga malih | sêdyane palacidra ||
86. pan wus wikan kalamun ing prêri | sêdyanipun anyêlêr Ki Jaka | sinjang lawan rasukane | lampahe mundhuk-mundhuk | angalungsar anèng ing siti | Ki Jaka sigra nyandhak | ing panganggenipun | sinjang rasukan wus kêna | age-age Ki Jaka ambêkta mulih | anulya sinimpênan ||
87. sajroning lumbung dhasaring pari | Kae Jaka awangsul sêksona | prapta têlaga tan suwe | eca kang sami adus | ya gênti kosokan sami |[243] wênèh caciblon ika | kathah polahipun | datan ana ngangge taha | nora wikan yèn ana jalma kang prapti | eca dènira siram ||
88. Kae Jaka awatuk [awatu...]
--- [f. 83v] ---
[...k] aririh | sami kagèt prêri ingkang siram | nuli mêtas[244] age-age | sinjang rasukanipun | dyan cinandhak dêdêl partiwi | mantuk dhatêng kayangan | satunggal kang kantun | Sang Adèwi Nawangwulan | iya iku ingkang asêpuh pribadi | kalangkung dukanira ||
89. panyanane sinjang lan kulambi | karangkus marang ing kacanira[245] | tiba saênggon-ênggone | kalangkung merangipun | busanane datan kapanggih | kungkum sajroning toya | sang rêtnaning ayu | angucap sajroning driya | sapa baya kang awèh sinjang kulambi | ingsun aku sudara ||
90. lamun tuwa sun bapa sayêkti | yèn wong priya sêdhêng wayah ingwang | pinasthi jatukramane | sêdya mawongan ingsun | Kae Jaka amarêpêki | ing têpine têlaga | sang rêtna andulu | Kae Jaka sigra mujar | mring sang rêtna punika sinjang kulambi | suwawi dèn agêma ||
91. sang rêtna yu wirange kapati | arsa nora sinjang tinampanan | wus kalêbu ing ujare | sinjang tinampan sampun | wus ingagêm mêntas sang dèwi | nèng têpining têlaga | Ki Jaka anambut | sang rêtna nulya ingêmban | wus binêkta datan kawarna ing margi | prapta ing wismanira ||
92. ingkang ibu kagèt aningali | yèn kang putra akêkanthèn asta | wanodya endah wrênane | ingkang ibu amêthuk | ingkang putra dipun arasi | tinakèn purwanira | kang putra umatur | ing purwa têkèng wêkasan | ingkang ibu
--- [f. 84r] ---
langkung sukane kang galih | dene bisa akrama ||
93. nyai agêng ing Tarub ngundhangi | marang anak putune sadaya | kang putra aningkahake | anak putu akumpul | pan sadaya samya ngèstrèni | marang Ki Jaka ningkah | ngong dungane jumurung |[246] sampun panggih Kae Jaka | lan kang garwa Sang Rêtna Anawangsasi | putri prêri punika ||
94. nyai agêng asuka ing galih | dene kang putra sampun akrama | rinêngga-rêngga mantune | lami dènnya alulut | Kae Jaka lawan kang rayi | sakêlangkung sihira | jalu istrinipun | sêmona nyidham kaworan | sang dyah ayu sampun jangkêp sangang sasi | wawratan nulya babar ||
95. tinalika jabang bayi istri | cahyanira lir pedah sêsăngka | tan kalih lawan ibune | warnane luwih ayu | ingkang rama kalangkung asih | miwah nyai gêng ika | bungahe kalangkung | kang wayah sinăngga-săngga | nyai agêng andadah dulang gumati | dhumatêng ingkang wayah ||
96. sakathahe wong ing Tarub sami | atur-atur ingkang dhêdhaharan | tan pêgat rintên dalune | syaranipun gumuruh | ingkang samya mêlèk ing wêngi | apan kala sêmona | Nyai Agêng Tarub | tan tutug mongmong kang putra | nulya gêrah asangêt saya nglayadi | nyai agêng wus seda ||
97. Kae Jaka ingkang anggêntosi | sasedane ibu lawan rama | tan ingwang kalih jênênge | nama Ki Agêng Tarub | sakathahe wong
--- [f. 84v] ---
têpis wiring | miwah uwong Sêsela | sadaya sumuyud | tan beda kadya kang rama | pangidhêpe sadaya amundhi-mundhi | mring ki agêng punika ||
98. ingkang garwa umatur ing laki | kawula dhatêng ing lèpèn sakêdhap |[247] angumbah popoking rare | inggih botên adangu | mung dandangan kawula titip | inggih dika tunggua | nanging wêkas ingsun | ki umah dhatêng andika | poma-poma sampun dika angungkabi | ing sapungkur kawula ||
99. ingkang raka anauri aris | alah iya yayi pra tinggala | ing mangke ingsun tunggune | nulya mangkat sang ayu | angumbahi popoking bayi | kocap kang anèng wisma | ki agêng ing Tarub | ingkang atêngga dangdangan | sarwi ngêmban dhatêng putranira singgih | sampun takdiring Sukma ||
100. Ki Agêng Tarub micarèng ati | garwaningsun mapan sampun lama | wus pirang taun lamine | ingsun kayani pantun | mung salumbung durung arêmpid | iya sawabe apa | liwat bêrkatipun | pan ingsun nora anduga | kyai agêng tansah amicarèng galih | sarwi têngga dangdangan ||
101. nora kandhêg anyugoni gêni | ya Ki Agêng Tarub wus dêlalah | manahira salah gawe | ènthèng astane ganggu | kang dandangan dipun ungkabi | sarêng kêkêb dèn angkat | mring Ki Agêng Tarub | kukusan tan isi bêras | amung pari sawuli ingkang kaèksi | punika kang dèn adang ||
102. ya ta nuli kinêkêban malih | ênêngêna kang têngga dandangan | kocapa kang dhatêng lèpèn |
--- [f. 85r] ---
sêmona nulya rawuh | meme popok ing latar aglis | banjur dhatêng dangdangan | anggêntosi kakung | kang raka mêntas ing wisma | sang dyah ayu dènira atêngga gêni | sinantêr dènnya adang ||
103. sarta ginêlêk urubing gêni | wus adangu langkung ing antara | nora sumub dangdangane | sang dyah micarèng kalbu | liwat sangking adade dhingin | dangdangan ingsun iya | dangu nora sumuk | baya ta sampun dilahlah[248] | salah gawe wong lanang atunggu gêni | manah isun sumêlang ||
104. kang dandangan nulya dèn ungkabi | sarwi ngucap sajroning wrêdaya | coba ingsun tilikane | kêkêb nulya jinungjung | apan maksih pari sawuli | sang dyah atêbah jaja | bênêr ciptaningsun | ki umah măngsa bakala | alah iya baya ta sampun pinasthi | sira pisah lan ingwang ||
105. langkung sangêt gêlane kang galih | mendahane nora sun wêkasa | têka sira salah gawe | sang dyah ayu amuwus | ingkang raka kang dèn takèni | ki omah pêkênira | nora ganggu-ganggu | ing wau sapungkur ingwang | punapaa andika têka ngungkabi | ing dandangan manira ||
106. wus pinasthi awak ingsun iki | nora tutug kaloron lan dika | mung sêmene wêkasane | karana awak ingsun | satuhune wijiling prêri | ing mêngko kamanusan | sangêt wirang ingsun | amarga saking andika | kae umah manira apamit mulih | marang kayangan ingwang ||
107. pan ing mêngko kamanusan malih | iya sangking tingkah pakanira | baya ta sampun takdire | kakung tan kêna muwus | sakêlangkung [sa...]
--- [f. 85v] ---
[...kêlangkung] ngungun kang galih | kaya dèn wangsulêna | manahe kaduwung | anglês kang salira lupa | ingkang garwa asangêt dènira runtik | ketang ing solahira ||
108. sakêlangkung gêgêtun kang galih | kasêktène nora kadya satan[249] | owah sakalir barange | wus adoh galihipun | salamine tan kadi mangkin | ical kasêktènira | sabên enjing nutu | sangêt dènnya kamanusan | sang rêtna yu kalampahan sabên ejing | ngratêngi sêkul ulam ||
109. sakêlangkung dènnya kawlasasih | solahira Dèwi Nawangwulan | wus jamak lawan wong akèh | sangêt kangelanipun | sasampuning alami-lami | ya wêkasan têlas |[250] kang pari salumbung | sang rêtna sigra tumingal | kang rasukan kalawan sinjang kapanggih | anèng dhasare pisan ||
110. sang dyah anjêngêr karasèng ing ati |[251] cidranira duk anèng têlaga | kaya ginugah bêndune | nora sangsaya lipur | kang rasukan rinasuk aglis | sang rêtna angandika | marang kakungipun | ki umah sapungkur ingwang | anakira puniku lamun anangis | karyakna pêpanggungan ||
111. sabên-sabên anakira nangis | unggahêna marang pêpanggungan | angobonga dipun age | ing mêrang kêtan wulung | dene ingsun inggal nuruni | nêsêpi anakira | iku wêkas ingsun | ki omah sira karia | ingkang raka angrêpa angasih-asih | sapuranên sun mirah ||
112. ing sakèhe sisip kula gusti | malah mandar sira ngapuraa | baya nora walas anggèr | marang ing awak ingsun |
--- [f. 86r] ---
kayaparan polah sun gusti | kalamun sira tilar | datan wande lampus | lan maninge putranira | yèn anangis sapa kang ngênêng-ênêngi | sang dèwi aris mojar ||
113. dika ampah manira tan kêni | mapan sampun padha ujar pisan | amunga samene bae | ya ta Ki Agêng Tarub | datan wikan waspanya mijil | andulu ingkang putra | tinilar ing ibu | sang rêtna juwita mujar | lah ki omah manira iki atitip | marang ing putranira ||
114. sang dyah ngrasuk busananing[252] prêri | arsa mulih ing kayanganira | wus nyandhak mêrang sagèdhèng | mêrange kêtan wulung | Kyai Agêng Tarub ningali | sang dyah pinarêpêkan | karsane sinambut | sang dyah ayu wus prayitna | mring kang raka umarêk aglis nginggati | mêrang sampun ingobar ||
115. ya ta anurut kukusing gêni | Ki Agêng Tarub mapan agêpah | arsa nututi garwane | cinandhak-candhak luput | sang kusuma datan anolih | wus muluk mring awiyat | lêpas tan kadulu | ki agêng kari anggana | tanpa jiwa anging garwane kaèksi | kang mantuk mring kayangan ||
116. ingkang putra kantun dèn tangisi | waspa mijil ingkang ingusapan | tansah dèn aras putrane | dhuh nyawa anak ingsun | anglampahi kawêlasasih | kapriye polahira | yèn arsa anusu | ana ngêndi ibunira | nulya emut yèn ingkang putra anangis | akarya pêpanggungan ||
117. pitungkase nulya dèn lakoni | wontên ingkang aran kayu gêtas |
--- [f. 86v] ---
amung lêlima kathahe | ingkang kinarya panggung | tan antara anulya dadi | luhur kang pêpanggungan | mrêrang kêtan wulung | sinaosakên ing ngandhap | arsa nusu jabang bayi sru anangis | sinambut mring kang rama ||
118. binakta minggah kang jabang yayi[253] | wus sinèlèhakên pêpanggungan | nulya tinilar putrane | kyai agêng tumurun | jabang bayi sangêt anangis | anulya ingobongan | mrêrang kêtan wulung | datan antara sêmona | kukus minggah kang ibu sigra nuruni | nêsêpi ingkang putra ||
119. nulya mênêng dènira anangis | kyai agêng eca ingkang manah | mratăndha prapta ibune | jabang bayi atutut | wus adangu dènnya nêsêpi | ingkang putra tinilar | sang rêtna dyan muluk | marang ing kayanganira | mung sapisan panêsêpe jabang bayi | sabên dina mangkana ||
120. datan arsa anusu ping kalih | iya naming sapisan kiwala | sabên-sabên ing wayahe | lare alit atutut | kawarnaa sampun alami | pan wus sadasa căndra | tan arsa anusu | agêlis agêng walagang | jabang bayi lir dinus ing toya urip | kang ibu mari prapta ||
121. wus katara yèn ayu linuwih | wrênanira sang rara winangwang | Dèwi Nawangsih namine | samana wayahipun | apan lagi jêbên atapih | sêdhêng pangrusak taman | kang rama winuwus | ki agêng asring asaba | wonawasa sêmona kasaput wêngi | kyai agêng nèng wona ||
122. nulya asare pinggiring kali | nuju wontên sela [se...]
--- [f. 87r] ---
[...la] kumalasa | punika kinarya sare | ing wayah lingsir dalu | nulya wontên syara mèngêti | ujare kang suwara | ki agêng ing Tarub | watu kang ginawe nendra | wruhanira ing ngisore mapan isi | bêndhe têngrêraning prang ||
123. iku uga têngrêrana benjing | yèn unine ana ngawang-awang | pratăndha mênang jurite | yèn nèng sor syaranipun | prayatnaa dèn ngati-ati | angantia yèn ngangkang | amagut prang pupuh | lawan iku turunêna | marang anak putunira ingkang wuri | nuli sira alapa ||
124. kyai agêng kagyèt sigra tangi | ingkang ginagas ujaring syara | kyai agêng sujud age | amuji ing Yyang Agung | kaping kalih muji ing nabi | dhinudhuk ngandhap sela | kang bêndhe katêmu | binakta mantuk ing wisma | ingkang bêndhe ginadhuhkên dhalang ringgit | aran Ki Dhalang Bicak ||
125. lah anggenên bêndheningsun iki | yèn awayang dèn asru anatab | sun prih lêpase unine | tinanggapan agupuh | mring ki dhalang kinarya ringgit | yèn wayang papêrangan | gègèr kang andulu | pan uyêkan jroning wisma | lamun kèndêl gègère sirêp tumuli | tan ana gara-gara ||
126. nulya alêkas aringgit malih | yèn gamêlanane rang-arangan | kang miyarsa rêmên kabèh | aruming syaranipun | adan nulya mrangakên ringgit | gègèr padha sadhela | akèh wong kang kantun | tan wruh wiwitaning bubar | marmanipun bêndhe aran Bicik[254] nênggih | katêlah ing dhêdhalang ||
127. kawarnaa ingkang putra èstri | sampun agêng pan kasrusrèng[255] jagat | ya ta yèn [yè...]
--- [f. 87v] ---
[...n] ayu rupane | lir widadari nurun | kang patutan sangking ing prêri | kangthah[256] kang wong nglêlamar | kya agêng tanpa yun | wontên malih kang kocapa | putranira Brawijaya Maospait | kang ana pasawahan ||
128. patutane Rêtna Wandhan Kuning | ingaranan Ki Bondhan Kajawan | tuhu bagus ing wrênane | cahyanira sumunu | kadya wulan kang lagya mijil | cinatur yusyanira | kawan wêlas taun | beda lawan lare kathah | Radèn Bondhan emut titising nrêpati | brăngta ingkang tumingal ||
22. Asmaradana[257]
1. juru sawah kang winarni | sêmona arsa aseba | ngaturakên ing pantune | mring nagara Majalêngka | pantun sigra rinêmbat | kathahipun sèkêt pikul | juru sawah nulya mangkat ||
2. Radèn Bondhan tumut ngiring | ki juru sawah tan suka | aja milu sira anggèr | ewuh aya anèng marga | adhuh ing Mănjalêngka[258] | aseba marang sang ratu | Radèn Bondhan sru amêksa ||
3. wus prapta ing Majapait | sang nata lagya sineba | wadyabala pêpêk andhèr | sewaka ing pagêlaran | bupati myang satriya | katingalan ing sang prabu | yèn ki juru sawah prapta ||
4. juru sawah atur bêkti | nyaosakên ingkang wêdal | sèkêt pikul ing kathahe | sang prabu ris angandika | gêdhong lah tampanana | juru sawah
--- [f. 88r] ---
wêdalipun | pan sampun kasrah sadaya ||
5. ingkang kawarnaa malih | Rahadèn Bondhan Kajawan | anjujug ing panggonane | găngsa Ki Sêkardêlima | rahadèn sigra nyandhak | găngsa kang tinabuh asru | sang nata kagyat miyarsa ||
6. wong gandhèk pirsanên aglis | Sêkardalima angangkang | nulya pinariksa age | yèn ana rare jêjaka | ingkang anabuh găngsa | rahadyan nolya tinubryuk[259] | rinarămpa ing ngajêngan ||
7. wus prapta ngarsa nêrpati | radèn sarwi tinakonan | rare têka ngêndi kowe | ya sapa kang duwe anak | matura dipun wêca | rahadyan nolya umatur | anake ki juru sawah ||
8. wus katur marang sang aji | yèn anake juru sawah | sang nata ngandika alon | timbalana juru sawah | sigra prapta ngajêngan | nyata iki yèn anakmu | juru sawah atur sêmbah ||
9. saèstu sutaning abdi | mangke sumăngga ing karsa | angukuma ing abdine [abdi...]
--- [f. 88v] ---
[...ne] | pêjah gêsange sumăngga | katur sri naranata | sang nata emut ing kalbu | yèn rumiyin darbe putra ||
10. ginadhuhkên juru sabin | sang aji rêsêp kang manah | nyata kêlamun putrane | datan samar sri narendra | sira Rahadèn Bondhan | pinandêng marang sang prabu | amalêsi ingkang cahya ||
11. sang nata ngandika aris | ingsun pundhut anakira | ki juru sawah ature | kawula gusti sumăngga | sang nata angandika | marenea sira juru | dèn kaparak lawan ingwang ||
12. juru sawah dèn bisiki | sang nata kang pangandika | lah sira gawaa age | anak ingsun Radèn Bondhan | pasrahna mitraningwang | marang ki gêdhe ing Tarub | lan maninge wruhanira ||
13. panjênêngan ingsun iki | mèh tumêka ing wêkasan | milane ingsun srahake | ingkang wruh ingêring jagad | wêruh durung winarah | sang nata aparing dhuwung | kalih tinampan kang putra ||
14. ki juru tinundhung mulih | sang nata jêngkar ngadhatyan | kawarnaa ing lampahe | Rahadyèn Bondhan Kajawan | lawan ki juru
cocog la babone, Ranajaya[260]
--- [f. 89r] ---
[...]
--- [f. 89v] ---
[...]
sah, cocok karo babone, katandhanan dening Mas Martawijaya, kêpala ing desa Tulung
--- [f. 90r][261] ---
sawah | anèng têngahing wana gung | kapapag wong abêbegal ||
15. kêkalih angadhang margi | amêjahi ing supana | rahadèn aris sabdane | bapa ana wong bêbegal | mirea dipun inggal | ki juru sawah anurut | amire pigire[262] marga ||
16. wong kêkalih marêpêki | radèn sigra tinarajang | datan owah ing galihe | wong kalih sarêng mêrjaya | radèn kinarubutan | wong abegal muwus asru | lah ta payo amalêsa ||
17. rahadyèn sigra malêsi | tumandang lan tangan kiwa | tinapuk runtuh untune | karukêb[263] tiba ing lêmah | kancane nulya mara | karêpe arsa anubruk | tangginas sira rahadyan ||
18. malupat[264] sarwi nêmpiling | mukanira kapisanan | wong roro pating kalèsèd | rahadèn narik curiga | ginoco jajanira | angêmasi kalihipun | dhuwunge pugêl[265] sabrêras ||
19. nulya sinarungkên aglis | rahadèn ngungun ing nala | katêlah kongsi ing mangke | têdhak Ki Agêng Mataram | datan kenging ngagea[266] | pucuk waja ingkang dhuwung | datan kandhêg lampahira ||
20. rahadyan lan juru sabin | tan kandhêg ing lampahira | tan mampir marang wismane | ki juru angèstokêna | ajrih sabdaning nata | warnanên Ki Agêng Tarub | kang tinilar dening garwa ||
21. pan atilar putra èstri | kang dados raosing driya | rumaja putri wayahe | midrê ring rat tan manggiha | kadya lire kusuma | lir widadari anurun | warnane kusuma rara ||
22. pantês nurunakên benjing | ingkang para Ratu Jawa | kang rama aris sabdane [sa...]
--- [f. 90v] ---
[...bdane] | putranisun nimas rara | lah sira têtêbasa[267] | yèn ana tamu kang rawuh | tur putrane sri nalendra ||
23. saosa kang sarya adi | kang putra matur sandika | sampun rinêsikan kabèh | palênggahan wus binabar | kocapa kang lumampah | prapta sajawine pintu | Ki Agêng Tarub amapag ||
24. radyan ingaturan aglis | kalawan ki juru sawah | samya lênggah katigane | umatur ki juru sawah | nênggih lampah kawula | ingutus dhatêng sang prabu | masrahakên ingkang putra ||
25. karsane sri narapati | aprakawis ingkang putra | dhatêng paduka wiyose | Ki Agêng Tarub ngandika | igih dhatêng sandika | wus kaduga jrone kalbu | ing karsane sri naledra ||
26. juru sawah nulya pamit | Ki Agêng Tarub ngandika | salamêta ing lakune | Rahadèn Bondhan Kajawan | samana sampun lama | saya katara kang sêmu | nyata yèn wijiling nata ||
27. wus diwasa sang apêkik | wus wikan ing subasita | Ki Agêng Tarub wuwuse | mring kang putra Radèn Bondhan | yèn sêmbada ing karsa | wis sêdhênge anak ingsun | ing mêngke sun alih aran ||
28. sun arani sira kaki | Lêmbu Pêtêng wus prayoga | kang putra atur sêmbahe | tan lênggana ingkang karsa | wus lumrah ingkang nama | sakathahe wong ing Tarub | pan sami angèstokêna ||
29. wontên kang winuwus malih | amangsuli kang carita | Sang Brawijaya putrane | kang patutan Putri Cêmpa | kathahipun têtiga | wanodya ingkang asêpuh | pan sampun dèn kramakêna ||
30. kêlawan sang adipati | ing Pêngging Andayaningrat | anulya malih arine | jumênêng nagri Madura |
--- [f. 91r] ---
Lêmbu Pêtêng kang nama | ingkang rayi Radèn Gugur | maksih anèng Majalêngka ||
31. wontên putranipun malih | punika miyos ampiyan | Rahadèn Jaran Panolèh | jumênêng nagri Mêkasan | Sumênêp lan Balega | wontên malih putranipun | jumênêng ing Panaraga ||
32. Bathara Katong wêwangi | wontên malih ingkang putra | kêkalih samya èstrine | krama Dipati Ngawăngga | Lowanu kang satugal | ingkang tan pêgat winuwus | rêmbêse madu kusuma ||
23. Dhandhanggula
1. ênêngêna nênggih kang rumiyin | kyai agêng ing Tarub winarna | kêlangkung ing pasihane | dhatêng ing putranipun | rajaputra ing Maospait | kadya gèning ayoga | ki agêng ing Tarub | dènira angakên putra | tan sumêlang winisik èlmu rêrêpit | gènnya amrih dadosa ||
2. dhasar wong tapa tingale sidik | mapan sampun wruh ingrêring jagat | apan tan samar tingale | milanipun lêstantun | sapolahe wus olèh wangsit | wong sampun kautaman | ki agêng ing Tarub | anadene rajaputra | Radèn Lêmbu Pêtêng kang tansah winisik | satikah[268] polahira ||
3. rahadyan langkung anuwun kang sih | tan lênggana ing sakarsanira | anglampahi sapakone | sampun mangsud aguru | Radèn Lêmbu Pêtêng anênggih | gènira puruhita | mring Ki Agêng Tarub | kang akèn amangun tapa | kasabipun agaga lawan sêsabin | krêrana ing atapa [a...]
--- [f. 91v] ---
[...tapa] ||
4. Radèn Lêmbu Pêtêng kang winarni | sabên dika[269] asaba pagagan | anandur sakarêmêne | akathah kang tinandur | ing pagagan dinulu asri | apan mawi kiriman | mantuk sarêng surup | lagya rêmên saba têgal | andikane ing guru dipun lampahi | sabên dina mangkana ||
5. kawarnaa Ni Rara Nawangsih | ngajêngakên birai sandhangan | apantês salêlewane | sangsaya luwih ayu | lan kang ibu datan kêkalih | lir satu lan rimbagan | warnane dinulu | apan lagi turun pisan | Anawangsih lan kang ibu widadari | ingkang rama manusa ||
6. nimas rara ngajêngkên birai | warnanira lir gambar wangunan | tanpa tandhing ing ayune | yèn cinadra[270] sang ayu | luwih rupa pan kirang kawi | tan ana winaonan | ratuning wong ayu | sarira sawang parada | sapolahe kusuma agawe brangti | tansah karya wigêna ||
7. Kyai Agêng Tarub ngandika ris | lah kirimên rara kakangira | mêngko wis awan wayahe | sang rêtna amituhu | ya ta dandan Rara Nawangsih | lan sagêgawanira | wus agendhong sumbul | sarta lan ulame pisan | anadene asta kiwa nyangking kêndhil | ingkang têngên pawohan ||
8. kawarnaa kang wontên ing têgil | Radèn Lêmbu Pêtêng wus uninga | kalamun dhatêng arine | nuli mêntas agupuh | gêgawane kang dèn tampèni | pawohan tinanggapan | de kang raka sampun | kacêkêl astane kiwa | ingkag rayi rêngu
--- [f. 92r] ---
ing manah angliring | wong iki tan pêsaja ||
9. panyêkêle têka mabu[271] ati | owah lawan adade ing saban | si kakang kadingarène | anyêkêl tangan ingsun | kaya ana rasaning ati | lah iya ngêndi ana | wong duwe sadulur | saingga lamun wong liya | lah pagene si kakang têka nyêkêli | igih wontên punapa ||
10. panyêkêle si kakang tan yêkti | dede panyêkêle wong sêsanak | kaya wong ana karêpe | sang dyah alise putung | jroning manah asêmu runtik | pan katara ing nitya | tingale arêngu | arum wijiling wacana | sun watara si kakang angêmu wadi | sêmune wis katara ||
11. dene têka angowah-owahi | isun iki pan nora kaduga | kaya wong awuru gênje | isun durung angrungu | wong adarbe sadulur èstri | ingkang kaya si kakang | nora angon sêmu | kaya wong mêndêm waragang | susar-susur têka pati nênanggapi | pagene sira kakang ||
12. Radèn Lêmbu Pêtêng anauri | sabda arum anglir guladrawa | gusti ariningsun anggèr | baya runtik wong ayu | wus wiyahe yayi wong urip | apraguyon prênesan | wong duwe sadulur | ana sêsikune apa | wong kêkadang kadar si sêdya punapi | wong duwe saudara ||
13. ingkang raka dipun paleroki | mendah silih dadia wanodya | dene kathah ta gandêse | pan tingal têrusipun | ing paningal têrusing ati | duk nyêkêl astaningwang | sun wêtarèng kalbu | dudu panyêkêle sanak | lan [la...]
--- [f. 92v] ---
[...n] maninge sangsaya angêtarani | tingale tan pêsaja ||
14. wicarane bisa namur sandi | isun mau duk nyêkêl ing sira | mapan ta isun kalalèn | sangking gupuh kaliru | tuna dukap riningsun gusti | nanggapi kang pawohan | dumadya kaliru | anyêkêl ing astanira | apuranên pun kakang atadhah runtik | pan nora sun têmaha ||
15. isun kinarya sadulur èstri | mapan têmên-têmên atiningwang | ing lair trêrus batine | ingsun anggêp sadulur | marang dika dulur sayêkti | donya têkèng dêlahan | isun gawe tunggul | sadulur siji tur lanang | Radèn Lêmbu Pêtêng saurira manis | bênêr têka ing sira ||
16. iya uga manira kang sisip | baya sampun jamake manusa | eling lali bubuhane | mau isun andulu | maring sira sakêdhap lali | nora kemutan sira | yèn sanak sadulur | pangrasanisun wong liya | ayunira amung yayi kang kaèsthi | datan kemutan kadang ||
17. pasthi isun umatur ing kyai | yèn mêngkono kakang polahira | radèn mèsêm ing nalane | karsanira wong ayu | awêwarta dhatêng kiyai | ya ta kusuma rara | aglis nulya mantuk | sapraptanira ing wisma | nulya matur dhatêng kang rama sang yogi | matur ing solahira ||
18. rama kawula wau angirim | mring pun kakang dhatêng ing pagagan | pun kakang awon tingkahe | datan mambu sadulur | pratikahe angatawisi | ing watawis kawula | kadi darbe kayun | anyêpêng ing asta kula | ingkang rama gumujêng sarwi
--- [f. 93r] ---
nauri | apa têmên mangkana ||
19. ingkang rama angandika aris | mring kang putra muguh[272] kakangira | kayapriye pratingkahe | nimas rara umatur | mring kang rama amambu ati | yèn ta linadosana | awon tingkahipun | kang rama alon ngandika | mring kang putra nimas rara dèn bisiki | Ki Lêmbu Pêtêng ika ||
20. wruhanira lawan sira nini | Lêmbu Pêtêng jatine wong liya | dulur pêpagihan bae | wis aja sira tutur | lah sigêgên aja baribin | saandikaning rama | sang rêtna mituhu | ya ta ingkang kawarnaa | Radèn Lêmbu Pêtêng dhatêng sangking têgil | sarêng surup kang surya ||
21. nèng pratapan kalane ing wêngi | Radèn Lêmbu Pêtêng datan pisah | anugil[273] lawan gurune | kyai agêng ing Tarub | anèng dhepok kalaning wêngi | samerade kang garwa | ki agêng kêkuwu | anèng ing dhepok pratapan | mung kang putra Sang Rêtna Ayu Nawangsih | ingkang sare ing wisma ||
22. wus mangkana Ni Rara Nawangsih | pinanggihkên lan raja pinutra | pinasthi dadi jodhone | nimas rara ing Tarub | lawan putra ing Maospait | Lêmbu Pêtêng kang nama | tuhu lamun bagus | kang rayi ayu utama | wus apanggih sang rêtna lawan sang pêkik | tansah mijil kang waspa ||
1 | ayun-ayunan. (kembali) |
2 | wona. (kembali) |
3 | ngusi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
4 | babongkokan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
5 | umpêtan. (kembali) |
6 | kondur (dan di tempat lain). Bandingkan: bali (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 5.7.1). (kembali) |
7 | Sukma. Bandingkan: Bathara (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 5.7.4). (kembali) |
8 | bandhangan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 5.8.4). (kembali) |
9 | andungkap (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
10 | ingobong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
11 | anggèr (dan di tempat lain). (kembali) |
12 | inggih (dan di tempat lain). (kembali) |
13 | Lebih satu suku kata: gêmah raharja. (kembali) |
14 | dhêdhampar (dan di tempat lain). (kembali) |
15 | ngundhangi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
16 | Bandingkan: Naradipa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 6.1.9). (kembali) |
17 | singgih (dan di tempat lain). (kembali) |
18 | satunggal (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
19 | gunggung (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
20 | dandan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
21 | Biasanya guru lagu u: kadhatun. (kembali) |
22 | konjêm. (kembali) |
23 | cangkramani. (kembali) |
24 | wêtêngan. (kembali) |
25 | bobot (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
26 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
27 | Kurang satu suku kata: yèn nyata iku awas. (kembali) |
28 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: alah patih ta sira gawaa | bêktaa bala kang akèh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 6.10.2–3). (kembali) |
29 | ginarêbêg. (kembali) |
30 | pungkur (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
31 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pan ki ajar wau kang winarni (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 6.12.1). (kembali) |
32 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
33 | sêbda. (kembali) |
34 | bokor (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
35 | Sumêkar. (kembali) |
36 | Kurang satu suku kata: sapraptane ing pinggiring kali. (kembali) |
37 | konjêm. (kembali) |
38 | sabda. (kembali) |
39 | kêna. (kembali) |
40 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: dyan kocapa sang nata ing Pajajaran (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 7.1.1). (kembali) |
41 | prasapanira. (kembali) |
42 | sadhiya (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
43 | Bandingkan: ginoco [ginocok] (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 7.11.7). (kembali) |
44 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
45 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
46 | darubêsi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 7.19.7). (kembali) |
47 | Karawang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 7.21.7). (kembali) |
48 | benjing (dan di tempat lain). (kembali) |
49 | winuwus. (kembali) |
50 | Kurang satu suku kata: wontên kang winuwus malih. (kembali) |
51 | nunggil. (kembali) |
52 | maksih. (kembali) |
53 | Biasanya guru lagu i: singgih. (kembali) |
54 | tutur. (kembali) |
55 | Kurang satu suku kata: nalăngsa sajroning kalbu. (kembali) |
56 | wong. (kembali) |
57 | Kurang dua suku kata: samya agêlar sêpapan. (kembali) |
58 | kundur. (kembali) |
59 | puniki. (kembali) |
60 | Wiro (dan di tempat lain). (kembali) |
61 | saengga (dan di tempat lain). (kembali) |
62 | talang. (kembali) |
63 | Kurang satu suku kata: tulusa sanak sirèki. (kembali) |
64 | răndha (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
65 | Kurang dua suku kata: tumut kesah marang kadange têtiga. (kembali) |
66 | Kombang (dan di tempat lain). (kembali) |
67 | karêngèng. (kembali) |
68 | anèng. (kembali) |
69 | ingunggahan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
70 | buri. (kembali) |
71 | Sêsuruh. (kembali) |
72 | ulun. (kembali) |
73 | sadêrmi. (kembali) |
74 | nêdyaa. (kembali) |
75 | Kurang satu suku kata: cupêt tumuruna malih. (kembali) |
76 | Kurang satu suku kata: pan akathah ratu kang prapta anglamar. (kembali) |
77 | anjungjung (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
78 | anginggati (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
79 | mundura (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
80 | tinêmênan. (kembali) |
81 | Lebih satu suku kata: dipun emut puniku cobaning nata. (kembali) |
82 | Kurang satu suku kata: lamun sira mangkonoa. (kembali) |
83 | kamanusyan. (kembali) |
84 | lawan. (kembali) |
85 | benjang (dan di tempat lain). (kembali) |
86 | prajangji (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
87 | apanggih (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
88 | undanga (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
89 | andadi (dan di tempat lain). (kembali) |
90 | ingundhuh (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
91 | Bandar. (kembali) |
92 | Lebih satu suku kata: dening luhur panduka. (kembali) |
93 | Kurang satu suku kata: jangkêp sagung sumangsane angêngudhuh. (kembali) |
94 | Majalêngka. (kembali) |
95 | Kurang satu suku kata: manira kesah sangking nêgari Galuh. (kembali) |
96 | karsanipun. (kembali) |
97 | Lebih satu suku kata: dawêk sami dhininginan karsanipun. (kembali) |
98 | panganjur. (kembali) |
99 | Kurang satu suku kata: datan babal wong jro puri. (kembali) |
100 | Kurang satu suku kata: amêngku ing nusa Jawa. (kembali) |
101 | Kurang satu suku kata: maksih linastarèkakên kang karuhun. (kembali) |
102 | sadaya. (kembali) |
103 | tindaka (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
104 | kadospundi (dan di tempat lain). (kembali) |
105 | abdi. (kembali) |
106 | sanjang. (kembali) |
107 | Kurang satu suku kata: pênêd punika dèn tuta. (kembali) |
108 | Biasanya guru lagu e(o): galèh. (kembali) |
109 | tan. (kembali) |
110 | tinundhung (dan di tempat lain). (kembali) |
111 | rabinira. (kembali) |
112 | iki. (kembali) |
113 | Kurang satu suku kata: lan isun sawêngi iki. (kembali) |
114 | kobong (dan di tempat lain). (kembali) |
115 | anjêjêp. (kembali) |
116 | gumuruh. (kembali) |
117 | akasa. (kembali) |
118 | jêjêk. (kembali) |
119 | anyêkop. (kembali) |
120 | anggêgêm. (kembali) |
121 | mandhe. (kembali) |
122 | gêdrug-gêdrug. (kembali) |
123 | andhêpès. (kembali) |
124 | patih. (kembali) |
125 | Kurang satu suku kata: ni patih tan nyana wau. (kembali) |
126 | anggêrit (dan di tempat lain). (kembali) |
127 | Lebih satu suku kata: rêbut paran dènira anggêrit. (kembali) |
128 | ing (dan di tempat lain). (kembali) |
129 | Lebih dua suku kata: nanging norana wruh. (kembali) |
130 | Kurang satu suku kata: wangsul malih dhatêng ing kitha Kadhiri. (kembali) |
131 | Kurang satu suku kata: Radèn Adaningkung kang gumantya. (kembali) |
132 | Hayamwuruk. (kembali) |
133 | Amisani. (kembali) |
134 | pinunjul (dan di tempat lain). (kembali) |
135 | atinjo (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
136 | Lebih satu suku kata: pakèning ibu tinjo kang uwa. (kembali) |
137 | panggènan (dan di tempat lain). (kembali) |
138 | Lebih empat suku kata: sinakarêp sakathahe tiyang Jawi. (kembali) |
139 | ênêngêna. (kembali) |
140 | laki. (kembali) |
141 | endhang (dan di tempat lain). (kembali) |
142 | Lebih satu suku kata: apanggiha sang prabu. (kembali) |
143 | Kurang satu suku kata: lagya katuwon sêmona. (kembali) |
144 | Lebih satu suku kata: ranipun Endhang Samitapuri. (kembali) |
145 | sidi. (kembali) |
146 | dodolane. (kembali) |
147 | kangjêng. (kembali) |
148 | Kurang satu suku kata: parêkan kalih kang prapta. (kembali) |
149 | endah (dan di tempat lain). (kembali) |
150 | kangge (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
151 | kapanggung. (kembali) |
152 | dhangkane. (kembali) |
153 | wawratan. (kembali) |
154 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
155 | titising. (kembali) |
156 | sigra. (kembali) |
157 | wotsari. (kembali) |
158 | konjêm (dan di tempat lain). (kembali) |
159 | wijiling (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.8.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.8.10). (kembali) |
160 | ewuh (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.9.9). (kembali) |
161 | bangkit (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.10.9). (kembali) |
162 | mantri. (kembali) |
163 | têtêp. (kembali) |
164 | kulup. (kembali) |
165 | Lebih satu suku kata: anggiring sato kang nèng wonadri. Bandingkan: anggiringa sato las sakèhing (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.13.1); agiringa sato wana aglis (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.8.1); anggiringa sato ing wanadri (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.12.1); kinèn nggirèng sato alas kèhing (Babad Majapait, Tanaya, Pupuh 1.16.1). (kembali) |
166 | Lebih satu suku kata: prapta ngalun-alun Majalêngka. Bandingkan: dhatênga ing ngalun-alun ika (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.13.2); lah dhatêngna ngalun-alun ika (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.8.2); ngalêmpaka ngalun-alun nata (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.12.2); inggih dhatêng alun-alun ika (Babad Majapait, Tanaya, Pupuh 1.16.2). (kembali) |
167 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
168 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sumăngga ing sakarsane (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.15.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.10.3); sumăngga karsa karsane (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.14.3); sumangga ing sadayane (Babad Majapait, Tanaya, Pupuh 1.18.3). (kembali) |
169 | Kurang satu suku kata: gusti sang sri nalendra. Bandingkan: dhuh sang sri naradipa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.15.6); hèh sang sri naranata (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.10.6); dhuh gusti sri narendra (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.14.6; Babad Majapait, Tanaya, Pupuh 1.18.6). (kembali) |
170 | sato (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.15.8; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.10.8). Bandingkan: kewan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.14.8); buron (Babad Majapait, Tanaya, Pupuh 1.18.8). (kembali) |
171 | Kurang satu suku kata: pan sumăngga ing karsa paduka aji. Bandingkan: pan sumăngga sakarsane narapati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.15.9); pan sumăngga sakarsanira sang aji (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.10.9); pan sumăngga ing karsa sri narapati (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.14.9); nggih sumangga ing karsa sri narapati (Babad Majapait, Tanaya, Pupuh 1.18.9). (kembali) |
172 | jinênêngakên. (kembali) |
173 | Kurang satu suku kata: alinggihana nêgari. (kembali) |
174 | Arya. (kembali) |
175 | Kurang satu suku kata: datan winarna ing margi. (kembali) |
176 | dadya. (kembali) |
177 | umancur. (kembali) |
178 | Kurang tiga suku kata: Putri Cina apan wus karabi. (kembali) |
179 | kawingking (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
180 | Kurang satu suku kata: êmèh supe dhahar lawan sare. (kembali) |
181 | anggarbini (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
182 | Kurang satu suku kata: ya ta mular asru ing tangise. (kembali) |
183 | kantun (dan di tempat lain). (kembali) |
184 | Kurang satu suku kata: dene sang nata ing Majapait. (kembali) |
185 | Kurang satu suku kata: yèn wontêna parintah nusuli. (kembali) |
186 | Majapait. (kembali) |
187 | Kurang satu suku kata: têbah Majapait. (kembali) |
188 | bukuh. (kembali) |
189 | Kurang satu suku kata: mring sri nata kantun. (kembali) |
190 | Kurang satu suku kata: amèngsêm Sang Putri Cina. (kembali) |
191 | Kurang satu suku kata: sakalangkung ing sihira. (kembali) |
192 | kalintang. (kembali) |
193 | amomong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
194 | Kurang satu suku kata: kang garwa Putri Cina. (kembali) |
195 | borong (dan di tempat lain). (kembali) |
196 | Kurang satu suku kata: ananging watir kawula. (kembali) |
197 | sawirasanipun. (kembali) |
198 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
199 | wode. (kembali) |
200 | nglêrêsi. (kembali) |
201 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
202 | Lebih satu suku kata: mring wisma sowang-sowang. (kembali) |
203 | Biasanya guru lagu a: radyan. (kembali) |
204 | bêbegal. (kembali) |
205 | sigra. (kembali) |
206 | anyêdhaki. (kembali) |
207 | mami. (kembali) |
208 | sakèhing (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.76.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.122.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.122.6). (kembali) |
209 | Arsamuka. Bandingkan: Rasyamuka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.123.20); Rahsyamuka (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.123.2); Rasamulya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.67.2). (kembali) |
210 | cinancang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.123.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.67.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.123.3). (kembali) |
211 | Biasanya guru lagu a. Bandingkan: radyan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 10.67.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.123.8); rahadyan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.123.8). (kembali) |
212 | punagi. (kembali) |
213 | sagunung. (kembali) |
214 | Terdapat dobel sandangan: ngandika atau ngandeka. (kembali) |
215 | wêtara. Bandingkan: watara (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.141.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.141.6). (kembali) |
216 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sun têngahing watara (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.141.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.141.6). (kembali) |
217 | widyadyèng. Bandingkan: widagdèng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.143.10); widêgdèng (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.143.10). (kembali) |
218 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: kaping kalih guru (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.147.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.147.7). (kembali) |
219 | luhung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.149.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.149.4). (kembali) |
220 | panuwa. Bandingkan: atuwa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.151.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.151.1). (kembali) |
221 | lungaa dèn. (kembali) |
222 | Kurang satu suku kata: radèn sira lungaa dèn aglis. Bandingkan: radèn sira alungaa aglis (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 25.9.1). (kembali) |
223 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: dhuh pukulun kang dhukuh Bintara (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 25.13.2). (kembali) |
224 | atur. (kembali) |
225 | Surawèsthi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 25.22.9). (kembali) |
226 | Lebih satu suku kata: kambil pinutra-putra. Bandingkan: sampun ingambil putra (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 25.23.10). (kembali) |
227 | Kurang satu suku kata: têdhakira Sèh Mukamadil Kêbari. Bandingkan: dhêkahira maolana Manil Kabri (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 25.26.9). (kembali) |
228 | Karawange. Bandingkan: Kêrawange (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 25.27.3). (kembali) |
229 | abra. (kembali) |
230 | busananira. (kembali) |
231 | têmbe. (kembali) |
232 | akaroron (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.175.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.175.7). Bandingkan: karon (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.36.7). (kembali) |
233 | Lebih dua suku kata: gêrahira iku. (kembali) |
234 | Lebih empat suku kata: ing ngarsa sri nalendra. Bandingkan: sigra praptèng ngayunan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.180.10); sigra prapta ngayunan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.180.10). (kembali) |
235 | tămpa. (kembali) |
236 | Lebih satu suku kata: nyi agêng kagèt tumingal. (kembali) |
237 | wêwêjah. (kembali) |
238 | Lebih dua suku kata: siyang dalu tan pêgat ngingon-ingoni. (kembali) |
239 | Terdapat dobel sandangan: sukaning atau sukane. (kembali) |
240 | punika. (kembali) |
241 | Lebih satu suku kata: sarta tinumbasakên punika. (kembali) |
242 | amêndhêt. (kembali) |
243 | Kurang satu suku kata: ya ta gênti kosokan sami. (kembali) |
244 | mêntas. (kembali) |
245 | kancanira. (kembali) |
246 | Lebih satu suku kata: dungane jumurung. (kembali) |
247 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kula dhatêng ing lèpèn sakêdhap (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 13.2.2); manira dhatêng lèpèn sakêdhap (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.2.2); manira dhatêng lèpèng sadhela (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.2.2); pan kawula arsa akesaha (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.8.2). (kembali) |
248 | dilalah. (kembali) |
249 | setan. (kembali) |
250 | Kurang satu suku kata: ya ta wêkasan têlas. (kembali) |
251 | Lebih satu suku kata: sang dyah anjêngêr karasèng ati. (kembali) |
252 | Terdapat dobel sandangan: busananing atau busanane. (kembali) |
253 | bayi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 13.25.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.31.1). (kembali) |
254 | Bicak. (kembali) |
255 | kasusrèng (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
256 | kathah. (kembali) |
257 | Mulai dari pupuh ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
258 | Majalêngka. (kembali) |
259 | tinubruk. (kembali) |
260 | Ditulis di atas kertas yang ditempel di bagian bawah halaman. (kembali) |
261 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
262 | pinggire (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
263 | karungkêb (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
264 | malumpat. (kembali) |
265 | punggêl. (kembali) |
266 | nganggea (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
267 | têtêbaha. (kembali) |
268 | satingkah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
269 | dina. Bandingkan: sadina-dina (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.61.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.61.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 12.81.2; Babad Dêmak, Dewabrata, Pupuh 3.30.2). (kembali) |
270 | cinăndra (Babad Dêmak, Dewabrata, Pupuh 3.32.4). (kembali) |
271 | mambu. (kembali) |
272 | mungguh (dan di tempat lain). (kembali) |
273 | anunggil (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |