Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040)

Judul
Sambungan
1. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 001–009). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 010–023). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 041–050). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 051–055). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 056–070). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 071–087). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
8. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 088–103). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
9. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
10. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 119–130). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
11. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 131–136). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
12. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 05-04-2025

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- [f. 93r lanjutan] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 1 dari 107

24. Mijil

1. Rêtna Nawangsih asêmu wingit | pan maksih karaos | kala sadèrèngira panggihe | dene wis manjing sudara wedi | mangke dadi laki | tan nyana sang ayu ||

2. asmu merang ewa jroning galih | dèrèng sapatêmon |

--- [f. 93v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 2 dari 107

dene manjing sadulur kakunge | nora nyana Ni Rara Nawangsih | kalamun akrami | angsal ing sadulur ||

3. dèrèng carêm kang amindha Rahtih[1] | masih gung wirangrong | maksih ingantos lunture sihe | ingkang tansah kalangan prajaji | grah sangêt nglayadi | ki agêng ing Tarub ||

4. Ki Agêng Tarub sampun ngêmasi | pinêtêk kang layon | wus prajangji sarêng pralenane | mring kang rayi kala maksih urip | tan salayèng kapti | ki agêng ing Tarub ||

5. kang tinilar samya kawlasasih | tan ana kang momong | satilare kang rama wiyose | sang rêtna yu kang dèn arih-arih | mrih lunture kang sih | nimbangi ing kakung ||

6. tan cinatur ingkang awor rêsmi | saru winiraos | ngamungêna caritane bae | jalu èstri animbangi kang sih | sangsaya alami | dènira atêmu ||

7. sasedane kang rama winarni | gènira kararon[2] | ingkang mantu gêntosi linggihe | Radèn Lêmbu Pêtêng anuruni | gêntosi namèki | ki agêng ing Tarub ||

8. wus alami Rêtna Anawangsih |[3] dènira kalaron[4] | wus awawrat tri wulan lamine | sang dyah ayu citrani amanis | lir wulan kang mijil | cahyane sumunu ||

9. sampun jangkêp sêmayaning uni | gènira ambabot | ya ta ambabar jabang bayine | miyos jalu warnane apêkik | cahyane dumêling | lir wulan awêlu ||

10. rama ibu langkung dènira sih | kang putra ingêmong | ya ta sampun sêdhêng panyapihe | sang rêtna yu nulya wawrat malih | babar

--- [f. 94r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 3 dari 107

miyos èstri | manis yèn dinulu ||

25. Dhandhanggula

1. dadya amung aputra kêkalih | ingkang sêpuh jalu winastanan | Kyagêng Gêtaspêndhawane | ingkang rayi winuwus | sampun krama angsal Kiyai | Agêng Ngrêrang punika | dènnya krama antuk | datanapi ingkang raka | Kyai Agêng Gêtaspandhawa wus krami | atut gènnya kêkadang ||

2. sasampune apêputra kalih | Kyai Agêng Tarub kang winarna | tan tulus momong putrane | cinupêt jênêngipun | wus pinasthi dening Yang Widi | samana sampun seda | sigêgên ing Tarub | kocapa nagara Dêmak | sampun rêmbak sakathahe para wali | angadêgakên nata ||

3. angrabasèng kitha Majapait | apan wênang angrusak ing kopar | kang para wali karsane | Dupati[5] Bintarèku | kang kinarya ratu agami | Susunan Giripura | angidèni sampun | Sunan Gunungjati prapta | Sunan Bonang wus anèng ing Dêmak sigih | miwah para dipatya ||

4. ingkang kilèn sadaya wus prapti | kang Sinuhun Bonang parêmbagan | ingkang tinuduh ing gawe | nênggih Susunan Ngundung | senapati angirid baris | budhal sangking ing Dêmak | kang wadya gumuruh | ingkang kantun parêmbagan | para wali karsa akarya samigit[6] | para wali bubuhan ||

5. kawarnaa kang lumampah jurit | Sunan Ngundung lan para dipatya | prapta ing Majapaite | wêrnanên sang aprabu | amiyarsa gêgaman prapti | èstu lamun kang putra | kang ngrabasèng pupuh | angungun Sang Brawijaya | angundhangi ing

--- [f. 94v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 4 dari 107

wadya kinèn miranti | mêthuka ing ayuda ||

6. adipati ing Trêrung anênggih | kang kinarya senapatining prang | lan Patih Gajahmadane | katri Rahadèn Gugur | putranira sri narapati | wus campuh kang ayuda | Adipati Trêrung | kalakung dene prawira | pangamuke wadyabala Majapait | lir dênawa mamăngsa ||

7. milanipun wadya Islam sigih | Marjapait[7] karsane binêdhah | dene ta maksih Budane | lami gènnya prang pupuh | tan cinatur ramening[8] jurit | kunêng kang bêbarisan | ing Dêmak winuwus | abahan pêpêk sadaya | ingkang badhe kinarya dadan masigit | para wali bubuhan ||

8. namung kangjêng sinuhun ing Kali | bubuhane ingkang durung ana | angadhêp wong madung bae | Sinuhun Bonang dangu | para iki ki jêbèng êndi | pan sira kabubuhan | ing sêsaka guru | dene tan ana katingal | alon matur igih panêmbahan gampil | mangke dalu ngupaya ||

9. mèsêm ngandika sang maha yêkti | dadi para ki jêbèng sambrana | besuk ingsun adêgake | nganti Ki Jêbèng Ngudung | besuk ingsuk[9] anuli prapti | gêgamane dèn tigal[10] | agampang ing pukur | sakèhe para dipatya | kang atugur mangkana wuwusên ejing | Sinuhun Kalijaga ||

10. mapan tatal kinupulkên[11] aglis | nulya sinambung dadya sêsaka | Sinuhun Kali sabdane | para wali akupul | kang sinêmbah Bonang lan Giri | Sunan Ngudung wus prapta | kang sangking anglurug | Sang Adipati Bintara | mugèng ngarsa Sunan Bonang ngandika ris | lah payo linêkasan ||

11. pan gumuruh ingkang nambut kardi |

--- [f. 95r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 5 dari 107

sangking sabdane para pandhita | datan rêkasa tandange | tanapi solahipun | pungnang[12] saka tiga anênggih | ingkang sêsaka tatal | lèr wetan gènipun | walu ingkang pangimanan | pan ginatra karya tilas para wali | ing ngarsa lan ing wuntat ||

26. Pangkur

1. wus dadya masigit Dêmak | tundha tiga langkung dènnya rêspati | têngah pangimanan agung | kanan kèri ginatra | sinêngkalan kunjara lawang têtêlu |[13] mila dadi kang trêsăndha | yèn rêbah ingkang masigit ||

2. rusak panjênêngan Jawa | iya iku tilasan para wali | Sunan Bonang ngandika rum | yèn besuk akir jaman | wiwitane wong Sêlam padha arusuh | bêjane ingkang agama | kang taklim maring Yang Widi ||

3. kunêng ingkang kawuwusa | para wali pradongdi keblatnèki | satêngah kirang mangidul | lêrêse kabatolah | kang satêngah kirang ngalèr lêrêsipun | ayog-ingayog[14] tan pêgat | pan sami asta satugil ||

4. obahing masjit punika | lir dèn ingêr wong pitung atus nênggih | mingar-mingêr ngalor-ngidul | samya jinawil asta | kang sinuhun ing Bonang angandika rum | lah uwis padha kèndêla | aluwung ing mêngko bêngi ||

5. padha dêdunga Pangeran | ing bênêre kakbah lan keblatnèki | mangkana kawarnèng dalu | wali walu prasamya | andêdonga sarwi mawas keblatipun | kakbah ing Mêkah katingal | karamate para wali ||

6. para wali samya mangwang | ing lêrêse keblat Mêkah pradondi |

--- [f. 95v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 6 dari 107

Sunan Kali nêmbah matur | marang Sinuhun Bonang | yèn suwawi atur kawula pukulun | ngadêg Sunan Kalijaga | ing guru sampun tur bêkti ||

7. marêp mangidul mêrgagah | asta kiwa nyandhak sirahing masjit | ingkang têngên astanipun | nyandhak sirahing kakbah | tan antara sirahe kakbah wus gêthuk[15] | Susunan Kali ngandika | lah sêdaya kadospundi ||

8. punika măngsa ewaha | para wali sadaya aningali | pitulungipun Yang Agung | sadaya samya rêmbag | wus mupakat kakbatolah sigra wangsul | wanci pajar sidik samya | asalat kang para wali ||

9. imane Sinuhun Bonang | Sunan Kali kang adan angamati | sampun bakda salat subuh | kang wayah bang-bang wetan | pamidhangan katingal wontên gumantung | samya tumingal sadaya | sakathahe para wali ||

10. Sinuhun Bonang ngandika | iki apa gumantung sun tingali | ulêse walulang wêdhus | isine iki apa | kinèn nguthik kang gumantung sampun runtuh | nèng ngarsane Sunan Bonang | cinandhak dipun ungkabi ||

11. ing jêro isi rasukan | Ăntakusuma mawa ciri tulis | larodaning[16] Kangjêng Rasul | dene kang pinaringan | Sèh Mêlaya Sunan Kalijaga iku | Sinuhun Bonang ngandika | lah dawêk Ki Jêbèng Kali ||

12. sira ingkang kaparingan | Sunan Kali sujud sarya nampani | sigra andonga tapakur | ngungun wali sêdaya | jêng sinuhun ing Bonang ngandika arum | puniki Ăntakusuma | gangsarane[17] kangjêng nabi ||

13. ulêse walulang menda | sampun lami wulune wus barindhil | apan sangking laminipun | kinarya pasalatan | Kangjêng Rasul gawenên jimat satuhu | dene ingkang ngage benjang | kang amutêr [amu...]

--- [f. 96r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 7 dari 107

[...têr] nusa Jawi ||

14. kang bêkêli tanah Jawa | singa-singa puniku kang darbèni | Kyai Gundhil namanipun | Sunan Kali tur sêmbah | sakêlangkung panuwunipun ing kalbu | Sinuhun Bonang ngandika | mring kang wayah sang dipati ||

15. lah ki jêbèng utusana | mring Palembang sira wèha upêksi | aprakara sutanipun | iya Si Pêcattăndha | wus alama batine milu alabuh | ing kapir sira jaluka | lilane si adipati ||

16. ki jêbèng nora winênang | wong angrusak utawa si matèni | mring wong padha Islam iku | sang dipati tur sêmbah | sigra nuduh mantri têtiga ingutus | wus makat[18] marang Palembang | abêkta surat pinundhi ||

17. mêdal anèng ing lautan | ênêngêna duta ingkang lumaris | ing Dêmak malih winuwus | Kangjêng Sinuhun Bonang | angandika marang susunan ing Ngudung | jêbèng sira lumakua | nutugêna karya jurit ||

18. wêkas ingsun maring sira | lamun ingkang nadhahi ing ajurit | misih Adipati Trêrung | gawenên sawêtara | Sunan Ngudung anyambut rasukanipun | kang Sinuhun Kalijaga | anênggih Kiyai Gundhil ||

19. wus budhal sangking Bintara | tan winarna ing marga sampun prapti | pambarisan Majalangu | inggar para dipatya | dene senapatining ayuda rawuh | lajêng campuh ing ayuda | kalawan wong Majapait ||

20. langkung ramene ing yuda | kathah pêjah prajurit Majapait | nênggih Sang Dipati Trêrung | apanggah ing ayuda | Kyana Patih Gajahmada kanthinipun | Radèn Mas Gugur punika | jêjênêng sri narapati ||

21. pangamuke wadya Dêmak | katadhahan mring wadya Majapait | Susunan Ngudung kasambut | kanin lambunge kiwa | Kyai

--- [f. 96v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 8 dari 107

Ăntakusuma mantuk rumuhun | prapta nagri ing Bintara | mapan sarwi kuthah gêtih ||

22. Kang Sinuhun Kalijaga | duk tumingal rasukan lajêng warti | ing garwane Sunan Ngudung | bok raka katiwasan | pan si kakang kasambut ing rana lampus | garwa Sunan Ngudung mujar | adhi sintên ingkang warti ||

23. Sèh Mêlaya angandika | Kyai Ăntakusuma ingkang mulih | mapan sarwi kuthah marus | bok raka sidhêkaha | pan rasukan kawula ingkang sinambut | jawine pasthi rinêksa | dene salêbêting pasthi ||

24. sitên[19] kawasa malanga | garwa Sunan Ngudung miyarsa warti | asru dènira amuwus | gênti kang winarnaa | ingkang layon anênggih Susunan Ngudung | wus prapta ing nagri Dêmak | sinare lèr kilèn masjid ||

25. Kyai Gundhil cinarita | warnanira nora pasthi sawêrni | Ki Gundhil lamun dinulu | nora tugal paningal | sèjèn-sèjèn paningale kang andulu | ana kuning ijo abang | nora tugal dadi siji ||

26. kocapa duta ing Dêmak | sampun prapta nagri Palembang nênggih | ingkang surat sampun katur | maring sang adipatya | wus kadhadha akarya surat sul-angsul | badhe katur ingkang putra | sampun dadya ingkang tulis ||

27. sang dipati angandika | lah ing mêngko sira sun tundhung mulih | lawan iki surat ingsun | aturna gustinira | pangèstuku aturêna anak prabu | prakara Si Pêcattăndha | isun lila lair batin ||

28. yèn èstu labuh ing kopar | sun apasrah marang anak dipati | lawan isun akêkitun[20] | pêthi sira gawaa | dèn bêktaa yèn besuk magut prang pupuh | sêdhêng ramening ayuda | bukakên têngahing jurit ||

29. caraka pamit tur sêmbah | lèngsèr saking ngarsane sang dipati | sigra anupak[21] prêrau |

--- [f. 97r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 9 dari 107

kêbat lampahing palwa | pitung dina prapta ing Roban alabuh | tumurun sangking ing palwa | mantri sawiji ngayoni ||

30. lah kănca dawêg cinoba | ingukaban[22] punang pêthi puniki | dene ta pating galêdhug | baya isi punapa | dene pêthi kinarya magut prang pupuh | nulya pêthi ingungkaban | pan lagi mênga sathithik ||

31. nulya mêdal kang kumara | mung sajodho liwat maripit kuping | kang pêthi inggal tinutup | nyata kalamun setan | mila kathah tanah Roban setanipun | sangkane saking Palembang | ingkang winadhahan pithi[23] ||

32. duta prapta ing ngajêngan | sampun katur dhatêng sang adipati | sasolahira ingutus | miwah kêkintunira | ingkang rama Dipati Palêmbang katur | sang dipati ing Bintara | lajêng marêk ing sang yagi[24] ||

33. ngaturakên duta prapta | matur nêmbah sira sang adipati | nyaosakên aturipun | duta sangking Pulembang[25] | katur purwa prapta ing wêkasanipun | Sinuhun Bonang ngandika | Pangeran Kudus tinuding ||

34. gumantia senapatya | dene Pangran Kudus kang darbe siwi | anênggih Susunan Ngudung | sandika aturira | Sunan Gunungjati bêktani pêngulu | kalawan badhonge pisan | kirabna têngahing jurit ||

35. êcise Sinuhun Bonang | dèn bêktakkên maring kang mangun jurit | gêgaman Madura rawuh | ing Giri pakumpulan | putra papat sêdaya kang dadi musuh | ingkang sampun samya Islam | Madura lan Panaragi ||

36. ing Samênêp[26] lawan Dêmak | sigra budhal wadya ing Dêmak aglis | kang ngirid Pangeran Kudus | senapatining yuda | Sunan Giri abêktani[27] ing pangulu | lan dhuwung ingkang anama | Kyai Kalamunyêng nênggih ||

37. kinèn ngunus ing payudan | sampun rêmbag budhal sangking ing Giri | prapta

--- [f. 97v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 10 dari 107

kilèn Majalangu | gènira pakupulan | wong salêksa Majapait ingkang mêthuk | sarêng dalu pagunêman | wong agung Dêmak lan Giri ||

38. badhonge Kangjêng susunan | ing Carêbon rêmbag kinirab dhingin | ing Giri ing besuk esuk | lan kang sangking Palembang | sampun rêmbag bêbadhong kinirab dalu | nèng jawine pabarisan | amêdal tikus sakêthi ||

39. ping kalih rong kêthi mêdal | kaping tiga amêdal tigang kêthi | sadaya tikus tumanduk | mangsah mring pabarisan | pan kumêrab pabarisan gègèr tikus | mamăngsa pakuwonira | sadaya sangune ênting ||

40. miwah abêning turăngga | samya sêdhih tan kênèng dèn sayuti | ginitik saya kèh rawuh | giris wong Majalêngka | panyanane tikus alasan puniku | kang satêngah ana ngucap | tikus iki nyata wadi ||

41. sadalu gègèr puyêngan | pabarisan tikus anyata wadi | sami sêdhih manahipun | sarêng bangun raina | wus atata sakathahe gaman agung | ingkang cis Sinuhun Bonang | nulya tinudingkên aglis ||

42. cis mêdal tawone yutan | angatupi[28] maring wong Majapait | samya bêngêb mukanipun | tan kabêr[29] nyandhak gaman | sarikutan angusapi rainipun | ana kang buwang gêgaman | lumayu atutup rai ||

43. prasamya agêginjalan | bokonge dèn antupi saking wuri | lumayu anubuk-nubuk[30] | sami tujang-tinujang | ing paprangan wadya kathah ingkang bingung | kang pêthi nulya binukak | jumêgur syara ngajrihi ||

44. tan antara ing awiyat | gumalêdhug suwara anauri | pêtêng dhêdhêt awor

--- [f. 98r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 11 dari 107

lesus | bayu badra nrêrajang | setan tawon angrabasèng Majalangu | mawur baris Majalêngka | kang bumi kadya ginojing[31] ||

45. prajurite Majalêngka | têtumpêsan miwah kang wadya alit | sisane mati lumayu | wênèh tigal gêgaman | sarwi ngucap lawas isun durung nêmu | anarka banjur kiyamat | Dipati Trêrung angisis ||

46. mundur lan sabalanira | mantuk dhatêng nagarane pribadi | Brawijaya kang winuwus | lalos lawan kang garwa | nanging pramèsyari Drawati tan tumut | garwa putri sangking Cêmpa | batine sampun alami ||

47. gènira agama Islam | mring kang putra Susunan Ngampèlgadhing | bêdhahe ing Majalangu | punika sinêngkalan | sirna ilang krêtining[32] bumi ingetung |[33] pêtêng ilang sampun padhang | ing nagara Majapait ||

48. pêngulu ing Giripura | salolose nata ing Majapait | amariksa ingkang dhuwung | Ki Kalamunyêng ical | kari wrăngka gènira ical sêdalu | sarêng enjing dhuwung prapta | ingunus akuthah gêtih ||

49. Radèn Gugur kang kocapa | palajênge mring nagri Panaragi | tan sakeca manahipun | tugil lawan kêkadang | lajêng nglampus atapa nèng wukir Lawu | langkung bêntur tapanira | wus mijil sangking nêgari ||

27. Mijil

1. kawarnaa wadya Dêmak sigih | wus manjing kadhaton | ajêjarah jro pura isine | pajêksane binubrah tumuli | kinarya surambi | Dêmak badhenipun ||

2. wadya alit ingkang angusungi | gumêrah punang wong | para pugawa bubuhan kabèh | sang dipati ing Trêrung winarni | ngadêkgakên[34] baris | dèrèng arsa nukul[35] ||

--- [f. 98v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 12 dari 107

3. kang mawa ajrih solah ing nguni | kang sampun kalakon | Sunan Ngudung kasambut yudane | ingkang putra Pangran Kudus nênggih | dadya senapati | gumantya ramèku ||

4. manawa pikir datan sayêkti | karsa mundhut liron | dene ingkang rama sasedane | Pêcattăndha ingkang anadhahi | dadya abêbiting | Sang Dipati Trêrung ||

5. Pangran Kudus anuduh dipati | pêpitu kang kinon | agitika[36] ing Trêrung yudane | Adipati Madura nindhihi | sabên dina jurit | angêpung ing Trêrung ||

6. yèn Dipati Trêrung amiyosi | angudi palugon | langkung dènnya awrat sêsanggane | kalindhih sagung para dipati | samya tur upaksi | mring Pangeran Kudus ||

7. ingkang mêksih anèng Majapait | duta matur alon | pra dipati yèn asor yudane | jêng pangeran sigra anidaki | datan mawi dasih | amung wong pêpitu ||

8. prapta pakuwoning pra dipati | gumrahing pawartos | wong ing Trêrung siyaga yudane | myarsa senapatine kang prapti | angungak ing biting | katingal kang musuh ||

9. pirang yuta pirang-pirang kêthi | pangrasane kang wong | têpung kabèh katon sabalane | wong ing Trêrung samya wêdi giris | para mantri nangis | angaturi nukul ||

10. adipati ing Trêrung nuruti | ature punang wong | mapan sampun umêsat surate | wiyosipun atur pati urip | wus katur kang tulis | mring Pangeran Kudus ||

11. Pangeran Kudus suka kang galih | angandika alon | duk rumiyin gêlêma mangkene | nora kungsi[37] wong cilik kèh mati | si paman dipati | sumêlang maringsun ||

12. dumèh kangjêng rama duk ing nguni | kasambut palugon | paman ingkang marjayèng yudane | iya apa wong urip puniki | tan wruha ing pasthi |

--- [f. 99r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 13 dari 107

karsane Yang Agung ||

13. duta Trêrung miyarsa sabdaning | pangêndika alon | sakalangkung lêngga[38] ing manahe | wus tinulak caraka wotsari | sarta dèn bêktani | surat angsul-angsul ||

14. sampun katur surat sang dipati | anulya winaos | sang dipati aris timbalane | măngsa cidra saungêling tulis | mapan para wali | nora laku bujuk ||

15. sêsuguhe kang sampun rinukti | myang waos binongkok | kang para garwa binêkta kabèh | rakitira lir wong mênang jurit | dinuta ing gusti | anjarahi musuh ||

16. sampun prapta sajawining biting | asêlur punang wong | katingalan sangking pakuwone | jêng pangeran sigra angaturi | sang dipati prapti | alênggah ing ngayun ||

17. sapraptane kang paman dipati | pinênging wotsinom | dawêg sami sêsalaman bae | sampun mawi paman awotsari | angarah punapi | paman lawan isun ||

18. dene sami tugil ingkang jinis | sang dipati bukoh | sakalangkung angrêpa luguhe | ngaturakên ingkang pati urip | miwah anak rabi | rajabrana katur ||

19. Pangeran Kudus suka ningali | angandika alon | paman kawula bêkta ing mangke | asowana dhatêng ing nêgari | pagiha raka ji | layan kang sinuhun ||

20. sigra budhal sakathahe baris | lampahe anggalong[39] | sampun prapta ing Majapaite | ya ta kandhêg sakathahing baris | mangkana winarni | Jêng Pangeran Kudus ||

21. budhal sangking nagri Majapait | wus kêbut punang wong | tan cinatur ing marga lamine | sampun prapta nagri Dêmak nênggih | gumuruh wadya lit | mugèng alun-alun ||

22. sang dipati ing Bintara mijil | sangking ing kadhaton |

--- [f. 99v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 14 dari 107

wus pinarêk anèng pasebane | Pangeran Kudus umatur aris | yèn lanang kang jurit | bêdhah Majalangu ||

23. sabêdhahe nagri Majapait | ramanta sang katong | lalos datan karuwan puruge | nulya Sang Dipati Trêrung aglis | ngabêkti raka ji | angusaping[40] lêbu ||

24. ingkang raka asuka ing galih | rinangkul pan alon | sarwi ingaras-aras êmbune | sigra binêkta marêk sang yagi | wus prapta ing masjid | ngarsane sang wiku ||

25. Sang Dipati Bintara ngabêkti | atur uninga lon | ingkang rayi ing Trêrung nukule | miwah solah tikahing ajurit | purwa madyanèki | sadaya wus katur ||

26. langkung sukanira sang ayagi | angandika alon | iya apa kang kinarêpake | liya sangking agamaning nabi | rèh sami aurip | pan tutun-tinuntun[41] ||

27. yèn nampika agamaning nabi | uwong urip pakewoh |[42] Ki Bintara paran ing karsane | aprakara Si Trêrung Dipati | kang putra wotsari | alon aturipun ||

28. igih maksih jumênêng dipati | nèng Trêrung alugoh | aparentah wong bang wetan kabèh | angrèhêna agamaning nabi | sakèhe wadya lit | kang anom winuruk ||

28. Sinom

1. wus samya amasanggrahan | sakèhe para dipati | putranira Pêcattăndha | ing Trêrung ayu linuwih | pinanggihakên sigih | kalawan Pangeran Kudus | kapanggih anèng Dêmak | Pangeran Kudus anênggih | sinung nama Susunan Kudus sêmana ||

2. mangkana ing dina Soma | pakupulan parang[43] wali | Sang Adipati Bintara | jinênêngakên nêrpati | sêdaya angèstrini |

--- [f. 100r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 15 dari 107

nama sang aji ing Ambun | Panêmbahan Bintara | bisikanira nrêpati | amisuwur pra dipati tanah Jawa ||

3. dene ta pêpatihira | tiyang sangking Atasangin | anama Patih Mangkurat | punika ingkang sêsiwi | Ki Gêdhe Pala nenggih | angêjawa milanipun | taruka nagri Dêmak | sutane kinarya patih | wicaksana Kyana Patih Amangkurat ||

4. Adipati Pêcattăndha | mantuk ing Trêrung nêgari | bêndhene aran Ki Macan | pinaringkên putranèki | kang dipun wasiyati | anênggih Susunan Kudus | malih kang kawarnaa | pramèsyari Darawati | Putri Cêmpa garwane Sang Brawijaya ||

5. tan tumut lalos kang raka | sabêdhahe Majapait | apan kêdah seda Eslam | binêkta dhatêng sang yagi | Sinuhun Bongnang[44] nênggih | rèhne eyang sampun sêpuh | seda wontên ing Bonang | sinare Karang Kêmuning | wontên malih wong agung kang ginupita ||

6. mantune Sang Brawijaya | ingkang asêpuh pribadi | Dipati Andayaningrat | sasedanira ing nguni | atilar putra kalih | lawan Putri Majalangu | samya jalu anama | Kêbo Kanigara nênggih | ingkang anèm awasta Kêbo Kênanga ||

7. sabêdhahe Majalêngka | wong agung kalih pradondi | kang sêpuh tan arsa Islam | anglampus amati ragi | anèng Gunung Mêrapi | dene kang anom wus mangsud | agama Rasululah | sarengate kangjêng nabi | puruhita mring Pangeran Sitijênar ||

8. kanthènira puruhita | punika Ki Agêng Tikir[45] | mring Pangeran Sitijênar | wus mantêp agamanèki | nama Ki Agêng Pêngging | Ki Kêbo Kênanga wau | kaprênah ingkang wayah | mring Sang Prabu Maospait | ingkang rama nama dipati kewala ||

9. kang kamantu Brawijaya | Andayaningrat Dipati | sira Ki Gêdhe Kênonga | kalangkung sudara wedi | lawan Ki Agêng Tikir | dene samya tugil guru | datan rasa rumasa | lir

--- [f. 100v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 16 dari 107

tugil yayah bibi |[46] kyai agêng ing Pêngging lan Ngadipurwa ||

10. padhukuhan Ngadipurwa | dhepoke Ki Gêdhe Tingkir | samya akuwat ngibadat | miwah ki agêng ing Pêngging | wus datan angrasani | marang kabupatènipun | sokur maring Yang Sukma | anglampahi pangabêkti | kapiyarsa Panêmbahan ing Bintara ||

11. ciptanipun Panêmbahan | Bintara waspadèng batin | galihira mêlang-mêlang | marang ki agêng ing Pêngging | ciptanira ngregoni | dhatêng panjênênganipun | anulya tinimbalan | mantri kêkalih tinuding | sampun mêsat duta sangking ing Bintara ||

12. datan kawarna ing marga | duta wus prapta ing Pêngging | sampun kapanggih sêmana | lawan ki agêng ing Pêngging | caraka matur aris | ulun ingutus sang prabu | andika tinibalan[47] | marang ing Dêmak anênggih | akiringa[48] dhatêng ing lampah kawula ||

13. Ki Gêdhe Pêngging anabda | wong punapa awak mami | tinimbalan mring sang nata | pelag punapa wong santri | ingandikan sang aji | măngsa wruha bangsanipun | sanak para matura | ing kangjêng sri narapati | sakêlangkung nuhun duka palamarta ||

14. wus mantuk duta ing Dêmak | tan kering dènnya nimbali | ya ta ingkang kawarnaa | nênggih ki agêng ing Tikir | miyarsa ingkang rayi | tinimbalan sang aprabu | nanging batên lumapah[49] | Ki Agêng Tikir wus prapti | sampun panggih lawan Ki Agêng Kênanga ||

15. ya ta prasamya alênggah | ngandika Ki Agêng Tikir | yayi para tinimbalan | marang sang prabu awanti | apa wadine yayi | dene sira tan lumaku | kang rayi aturira | punapa damêle ugi | wong dhêdhukuh têka ngago[50] tinimbalan ||

16. ki gêdhe ing Ngadipurwa | pangandikanira aris | ya pagene

--- [f. 101r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 17 dari 107

yayi para | magok[51] timbalan nêrpati | iya apa sirèki | nora kabawah ing ratu | lêmah kang sira ambah | saisine nusa Jawi | mapan iku kagungane sri nalendra ||

17. kang rayi alon turira | Alah ingkang darbe bumi | kadar ta arsa punapa | wong dhêdhukuh dèn timbali | angling Ki Agêng Tikir | dadi awangkot sirèku | aja tampani lămba | lan aja gêgampang pikir | pakewuhe yayi para ulatana ||

18. yayi muguh kaya sira | kang kalênthing wadhah masin | ambune pan durung ilang | sira putuning[52] nrêpati | Sang Prabu Majapait | ing labête durung alum | ratu kasusrèng jagat | datan ana kang tumandhing | eyangira ratu agung bala nata ||

19. lah ta yayi kaya ngapa | angringkêsa ing prakawis | marma sira tinimbalan | mênawa silih kadugi | yèn pamanira yêkti | nyata arine ibumu | mênawa palimarma | iku wong dadya nrêpati | duwe putra kaponakan ana desa ||

20. bêcik sira lumakua | pun kakang ingkang tut wuri | măngsa tegaa mring sira | pakewuhe sun calangi | kang rayi matur aris | kados batên sapuniku | kakang bara tan bara | mendah wong dadi nrêpati | emut marang ing sanak lambung kasimpar ||

21. yayi yèn pinindho sira | tinimbalan ing sang aji | kayaparan karsanira | kang rayi umatur aris | igih wontên punapi | amêksa wong batên purun | kang raka angandika | yayi wong urip puniki | lamun magok tinibalana sri naledra |[53]|

22. mapan iya wong duraka | masisan ngadêga baris | aja tanggung i pratikah [pra...]

--- [f. 101v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 18 dari 107

[...tikah] | aja para mungal-mungil | manawa ana jail | têmah katail sirèku | wong jawal kaya begal | ngakali melik sadhidhik | ingkang pinrih pêngandêlan wong ngawula ||

23. kang rayi gumujêng suka | dene kakang pindho kardi | paduka mêrangi tatal | bilai lara lan pati | sintên kang adarbèni | pan kagunganing Yang Agung | sadèrènge wontên badan |[54] papêsthèn ginawe dhingin | awon sae ing lokil mahpul punika ||

24. kang raka alon ngandika | iya yayi apa maning | yèn wus mantêp tekatdira[55] | pun kakang dhatêng ngamini | sadina mituturi | samana surya wus surup | samya salat ing langgar | wus bakda samya aligih | ingkang raka kalangkung sinuba-suba ||

25. ing dalu arêringgitan | sira ki agêng ing Pêging[56] | nyukakakên ingkang raka | kang wayang bèbèr anênggih | sêmana amarêngi | ingkang garwa wawrat sapuh[57] | sangrêng[58] lair saksana | ing sasi Jumadilakir | tanggalipun ping walu kang taun Êdal ||

26. marêngi măngsa kalima | ing nalika Rêbo Lêgi |[59] ing wanci bangun raina | miyos jalu langkung pêkik | cahyanira nêlahi | lir kadya wulan awêlu | Kyai Agêng Kênanga | kalangkung suka kang galih | dhalang bèbèr dènnya wayang kagegeran ||

27. wontên kêkuwung gêng prapta | tiga nyêlarot[60] ing kali | garimis sarêng sakala | ngandika Ki Agêng Tikir | yayi putranirèki | pun kakang awèh jêjuluk | Mas Karèbèt prayoga | dene ing laire yayi | amarêngi ana wayang

--- [f. 102r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 19 dari 107

bèbèr ika ||

28. kang rayi alon turira | anuhun langkung prayogi | angsala sawab paduka | mugi kalisa ing sakit | kawula pan adêrmi | pun kakang ingkang sêsunu | mugi pinajangêna[61] | yuswane kang jabang bayi | lan angsala kanugrahaning Yang Sukma ||

29. cinarita tigang dina | Ki Agêng Tikir nèng Pêngging | kunêng ingkang kawarnaa | dutane sri narapati | ing Dêmak sampun prapti | punang caraka tumanduk | ing ngabyantara nata | wus katur sasolahnèki | pamopone Kiyai Agêng Kênanga ||

30. panêmbahan ing Bintara | sigra dènira nimbali | mring Ki Gêdhe Wanapala | kang rama rêkyana patih | datan antara prapti | ing ngarsane sang aprabu | kinarya tuwa-tuwa | putrane dadya pêpatih | angandika kang sinuhun ing Bintara ||

31. kakang ana panggaweyan | patut para kang nidaki | agawaa bantah iwang | sira dadi wakil mami | marang Ki Gêdhe Pêngging | rong prakara bantah isun | kakang wêwruhanira | ana karasa ing batin | bokmênawa ing têmbe dadi wisuna ||

32. besuk sapungkur manira | mulane isun kawruhi | iki kakang tulis iwang | antêpên Ki Jêbèng Pêngging | êndi kang dèn luguhi | ingkang salah siji iku | sakèhe karsaniwang | wusana sajrone tulis | sigra lèngsèr ki gêdhe ing Wanapala ||

33. abêkta sabat sakawan | Ki Gêdhe Wanapalaning | datan kawarna ing marga | wus prapta dhukuh ing Pêngging | kapagih mugèng panti | Ki Agêng Kênanga muwus | kiyai jêngandika | igih wong

--- [f. 102v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 20 dari 107

agung ing pundi | lawan sitên ingkang sinambat ing nama ||

34. ki gêdhe ing Wanapala | alon dènira nauri | Ki Bayi manira Dêmak | dutane sri narapati | mring pêkênira ugi | angêmban tibalanipun[62] | kang Sinuhun Bintara | isun kinèn mariksani | dene sira kapiyarsa alul tapa ||

35. apa ingkang sira sêdya | tibalane sri bupati | jawabên dipun pratela | suwal kang kalih parkawis | aja nimpang ing kapti | asikara têmahipun | marang saliranira | aja angrangkêp ing kardi | tan utama yèn sira brăngta ing laya ||

29. Asmaradana

1. kiyai pinilih êndi | ana luwih sangking ana | kang suwung luwih suwunge | lawan aturu sapisan | mêlèk salawasira | lawan turu sabên dalu | lawan mêlèk sabên dina ||

2. mangan sapisan puniki | warêg sajêge tumitah | lan amangan sabên sore | pangêlihe sabên dina | payo sira piliha | timbalane sang aprabu | yèn sira milih kang ana ||

3. lan amangan sabên ari | alapên nagari Dêmak | mupung amêksih sang katong | Ki Agêng Pêngging angucap | punapaa sang nata | salah karya ing tumuwuh | ing ngriki wontên punapa ||

4. kagèt kawula kêpati | tinibalana sri naledra |[63] ngage karya salah gawe | kyai panyana kawula | ratu kalipahing Yang | yêkti budi luwih luhur | wêkas-wêkasing utama ||

5. kawula batên amilih | sadayane mapan arsa | yèn miliha suwung bae | pan suwung amêngku gêlar | punapa siya-siya |

--- [f. 103r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 21 dari 107

mring anak putu ing pukur | yèn miliha ingkang ana ||

6. pira pajange[64] aurip | pira rasane wibawa | pan dèrèng wontên adade | wong agêsang sèwu warsa | liyane Nabi Adam | ingkang umur sèwu taun | liya puniku tan ana ||

7. kamuktèn sajrone pati | sirik ingaranan pêjah | aliru panggonan bae | taune yutan awêndran | maksih ngage itungan | yèn ta batêna ing ngriku | punika atur kawula ||

8. mapan jênênge aurip | kinèn manjangêna titah | asiha maring turune | punapa batên duraka | marma sampun kainan | dene karsane Yang Agung | ing wiking sitên uninga ||

9. Ki Gêdhe Pala tan angling | langkung kèmêngan ing manah | dene pakewuh saure | bênêr ingkang salah cipta | wong iki wus katara | nora marêm adhêdhukuh | sandi bae nandur kênthang ||

10. yèn mangkono sira iki | wiku-wikuning antigan | nora putih jaba jêro | misih angandhut wisaya | ciptane kawoworan | sira wong apa tumuwuh | kabèh-kabèh têka arsa ||

11. Ki Agêng Kênanga angling | sampun si mêgah[65] kawula | yèn kênia suminggahe | nadyan Gusti Rasololah | tanpa inganing karsa | nênggih wontên tandhanipun | Sultan Sèh nagri Bragêdad ||

12. Abdul Kadir Jaelani | batên abucal luamah | punika langkung parêke | ing Gusti Kang Maha Mulya | tur trahing Rasulolah | punika panging kang luhur | batên ambucal luanah ||

13. pinakanan kadya kucing | yèn sampun nuli inguntal | sampun muguh awak ingong | yèn kêdah misah luamah | yèn maksih anèng donya | kuwat ngibadat puniku | têbiha sangking luamah ||

14. Ki Gêdhe Wanapala ngling | kalamun mangkono sira | nora pisan ngimanake | marang kêraton ing Dêmak | saking pitung madahab | batên niyat angrêmpêlu | ngarah karaton ing Dêmak ||

15. sitên uninga ing bejing | langkung [lang...]

--- [f. 103v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 22 dari 107

[...kung] gaibing Yang Sukma | Ki Gêdhe Pala wuwuse | lah payo sira sebaa | marang nagara Dêmak | Ki Agêng Pêngging amuwus | igih samangsananeya ||

16. yèn Alah sampun marêngi | pitên[66] dangune lumampah | ing mangke nuhun dukane | gampil masalah ing benjang | Ki Gêdhe Wanapala | alon dènira amuwus | sun alingi kalih warsa ||

17. isun ingkang anangguhi | ing dukane sri nalendra | sêmaya kalih taune | bok durung katêmu uga | ing pikir pakanira | Ki Gêdhe Pala wus mantuk | prapta ing nagari Dêmak ||

18. lajêng tumamèng jro puri | kandhêg ngaturi uninga | tinimbalan tan asuwe | prapta ngarsa atur salam | Ki Gêdhe Wanapala | alon dènira umatur | kawula ingutus prapta ||

19. jawabe Ki Gêdhe Pêngging | sual kang kalih prakara | dipun pilih sakalihe | alêrês cipta sang nata | ing wêtawis kawula | Ki Gêdhe Pêngging kang sêmu | saèstu anrangkêp karya ||

20. yèn ingantêp angêlèsi | dene lamun ingoberan | mèlèd tur tega patine | punika atur kawula | paduka dèn sêgara | sampun prajajiyan ulun | lan ki agêng kalih warsa ||

21. sampun darbening nrêpati | awiyar samodranira | ing maklum kalawan mamot[67] | yèn tan prapta kalih warsa | sumăngga ingkang karsa | kadhahar saaturipun | ki gêdhe ing Wanapala ||

22. cinarita sampun lami | kalih warsa dèrèng prapta | andhatêngakên bêndune | Susunan Kudus ngêndikan | prapta ing ngarsa nata | angandika sang aprabu | jêbèng paran karsanira ||

--- [f. 104r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 23 dari 107

23. prakara Ki Jêbèng Pêngging | madayèng karaton iwang | sira lumakua dhewe | luwih ing prayoganira | măngsa bodhoa para | amrih lêgane tyasipun | Susunan Kudus sêndika ||

24. wus lumampah cara santri | sabat pêpitu binêkta | kang sanugil gendhong bêndhe | Kiyai Macan punika | mêsat sangking Bintara | sigêgên ingkang winuwus | Ki Agêng Tikir pralena ||

25. tan dèn sirami tumuli | layone nganti punika | Ki Agêng Pêngging praptane | duk sêmana ingutusan | Ki Agêng Pêngging prapta | angrukêbi layonipun | ingkang raka tinangisan ||

26. sêsambat kadya pawèstri | risampunira mangkana | kang layon sinalatake | sinare ing Ngadipurwa | Kyai Agêng Kênanga | cinarita tiga[68] dalu | anèng dhukuh Adipurwa ||

27. pamit mring kang raka èstri | Nyai Gêng Tikir anabda | antinên pitung dinane | sadhêkahe raka para | kang rayi aturira | kawula amêksa mantuk | kang manah langkung sumêlang ||

--- [f. 104v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 24 dari 107

28. kang raka lingira aris | tatilare raka para | sira pariksanên kabèh | lamun ana sênêngira | yayi para gawaa | Ki Agêng Pêngging umatur [u...]

--- [f. 105r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 25 dari 107

[...]

--- [f. 105v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 26 dari 107

[...]

--- [f. 106r][69] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 27 dari 107

[...matur] | kakang êmbok pindho karya ||

29. wus mantu[70] Ki Agêng Pêngging | sapraptanira ing wisma | ya ta warnanên lampahe | kang Sinuhun Kudus prapta | lère Kali Cêmara | nuju wanci arka surup | raryyan satêngahing wona ||

30. têrataban pinggir kali | kanan kèrinira desa | Susunan Kudus kêrsane | tan arsa sipêng ing desa | pinggir kali kewala | marma kèndêl ing pêpundhung | ing kiwa ana wikan |[71]|

31. ing dalu karsa yêktèni | karyane bêndhe punika | lan arsa mirsa syarane | yèn bêndhe unine bêngkak | atiwas lampahira | mangkana ciptaning kalbu | bêndhe tinabuh saksana ||

32. angungkung kang bêne[72] muni | mapan kadya man ngombang |[73] lir sima satus syarane | kagèt sagunge wong desa | sakiwa têngênira | macan angombang sadalu | enjing samya pinariksa ||

33. tan ana macan kaèksi | mung wong pêpitu kang ana | wong desa sadaya takon | pundi syarane kang sima | sêdalu dènnya ngombang | ngandika ingkang sinuwun | ing kene tan ana macan ||

34. sangsaya akathah prapti | wong sakiwa têngênira | kabèh kêncêng pitakone | mokal yèn botên wontêna | sêdaya sami mirsa | gumujêng Susunan Kudus | yèn mangkono desanira ||

35. ing Sima ingsun arani | dene

--- [f. 106v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 28 dari 107

nonana macan |[74] têka ana syarane |[75] samya ngèstokkên sadaya | desa araning Sima | wus lajêng Susunan Kudus | kang arsa amundhut nyawa ||

36. angidul bênêr lumaris | sabat pêpitu nèng wuntat | kang satunggal gendhong bêndhe | sabat satunggal tur sêmbah | arsa anginom[76] toya | lagya buthêk toyanipun | malah ing mangke katêlah ||

37. Kali Buthêk arannèki | sampun lajêng lampahira | ana kali ngarsa katon | wus prapta ing prênahira | kang sinuwun ngandika | payo rèrèn ngingsor pucung | sabat umatur sumăngga ||

38. wus lênggah sang maha yêkti | sabate nginum sêdaya | dhukuh ing Pêngging wus katon | banjaran asri kawuryan | agênggêng katingalan | nyata tilasing kadhatun | Susunan Kudus sêmana ||

39. anèng ngandhap pucung singgih | sabat mugèng kèri kanan | linud ing maruta ayom | sakeca dènira raryan | rare angon kathah |[77] ingkang prapta sami ngrubung | ingkang lênggah tinakenan ||

40. apa sira gendhong iki | apa kêmpul iki layah | kang siji ngarani gembol | wênèh kêkêb kang binatang | katara iki baya | ana kuncunge macucu | gumêdêr kang rare kathah ||

41. ana sawiji nauri | kabèh-kabèh nora batang | iku ta ingkang ginedhong[78] | sabat kang bêkta anyêntak |

--- [f. 107r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 29 dari 107

bocah padha kabuyan | pating dalêjêngg[79] ambêsur | wong lungguh nora tinênga ||

42. tinakon nora nauri | têka gumêdêr kewala | bocah iki padha nglamong | rare kathah sami mêksa | gondhongan[80] ginarayang | ingkang bêkta bêkas-bêkus | datan kandhêg agurayang ||

43. mèngsêm ngandika sang yagi | sakarêpe iku bocah | wong padha andêlêng bae | aja na ngaru-arua | ya ta wontên wong tuwa | lumapah anyangking pêcut | sarwi amikul pasangan ||

44. cawêdtan[81] maksih mathingthing | sarwi nyangking upêt mêrang | rinangkêp lawan sarotong | tumingal rare kathah |[82] sami ngrubung wong lênggah | wong tuwa acêlak-cêluk | bocah kabèh padha buyan ||

45. ana wong padha alinggih | têka padha dalêjêgan | nora nana wêwêdine | dèn age padha lungaa | mêngko suk[83] gitik sira | bocah bubar padha guyu | Susunan Kudus ngandika ||

46. ngarah apa bocah cilik | aja ngaru-aru sira | rare angon wis pantêse | anulya sèlèh pasangan | tiyang wau punika | upêt sinadhing alungguh | angukabi kêkandhutan ||

47. têmbako anèng salêpi | kang sarotong dipun pasang | anulya sinuguhake | marang sang maha pandhita | sarwi alon lingira | ki besan kêni ra udud | kang sinuhun ngandika |[84]|

--- [f. 107v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 30 dari 107

48. atarima sanak mami | lah iya sira ududa | aja nganggo pindho gawe | balikan isun atanya | sanak marang ing sira | langgar ika kang kadulu | punapa kang padalêman ||

49. kyai agêng ing Pêngging |[85] kang tinakèn aturira | punika inggih dalême | Kyai Agêng Kênonga |[86] nanging mangke wus lama | wêtawis sadasa dalu | ki agêng ngabong kewala ||

50. sarawuhe sangking Tingkir | atinjo dhatêng kang raka | sadhèrèk tunggule[87] gurune |[88] Kyai Gêng Tingkir pralena | kala dina Jumungah | mila prihatin angukub | Susunan Kudus ngandika ||

51. atarima sanak mami | sira atutur maringwang | desa iki ngêndi rane | umatur dhukuh Kênyanan | kang sinuhun ngandika | êlihên ing Aru-aru | wong tuwa matur prayoga ||

52. wus lajêng sang maha yêkti | tan winarna sampun prapta | sajawining pagêr banon | ana kuwèni akathah | ngarompol tiningalan | nini-nini wismanipun | kang sinuhun sampun raryyan ||

53. sabat sami kinèn kari | winangsit mêngko yèn ana | gumuruh tabuhên age | bêndheningsun Kyai Macan | susunan angandika | nini ingsun titip bangtur[89] | manira arsa aseba ||

54. marang ki agêng ing Pêngging | asaru ngong agawa rowang |[90] wus mêdal butulan kulon | prapta

--- [f. 108r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 31 dari 107

ing jro mindha-mindha | uwong arsa mêminta | dhodhok ngandhaping bêbatur | wontên parêkan atanya ||

55. paman umahira ngêndi | sumaur kang tinakonan | ingsun ing Kudus mulane | dèn age sira matura | marang ing gustinira | lamun ingsun arêp têmu | kang parêkan saurira ||

56. ki agêng lagya prihatin | datan manggihi wong prapta | kang sinuhun ngandika lon | nadyan nora manggihana | têka sira matura | yèn ingsun duta Yang Agung | parêkan sigra lumampah ||

57. wus prapta ngarsaning gusti | matur sarwi awotsêkar | sangking sajawining kobong | gusti wontên tamu prapta | ngakên duta Yang Sukma | ki agêng mèngsêm ing kalbu | ngandika sira undanga ||

58. ya ta ingawe tumuli | Susunan Kudus tumindak | uluk salam sarawuhe | ki agêng amiyak gubah | ing ngriki sami lênggah | nèng sajroning ing kalambu | anulya anjawab asta ||

59. atata prasamya linggih | Ki Agêng Pêngging ngandika | Rubiyah saosa age | dhêdhaharan kang prayoga | poma dipun samêkta | garwa lèngsèr tan asantun | Susunan Kudus ngandika ||

60. sira ki gêdhe ing Pêngging | pakanira tampanana | timbalane sang akatong | sira pilih ngêndi baya | ana ing jro lan jaba | ana ngingsor lan ing luhur |

--- [f. 108v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 32 dari 107

pilihên ingkang pratela ||

61. nauri Ki Agêng Pêngging | datan amilih manira | ana ing jaba lan ing jro | ana luhur lawan ngandhap | kabèh manira arsa | nora anampik wakingsun | lan nora dhangdhang ing prênah ||

30. Dhandhanggula

1. yèn miliha ing jêro pan windik | yèn miliha jaba luwih sasar | sêmang-sêmang pangidhêpe | yèn amiliha dhuwur | pan kêmandhang ingaku yakti | yèn amiliha ngandhap | iya iku bingung | sasar ing pitung mandahab | ngingsor dhuwur jaba jêro sun karsani | kabèh dêrbèk manira ||

2. Sunan Kudus mujar asmu runtik | sira iki iya kêkandhangan | apa têmên panggilute | ki agêng lon amuwus | pindho gawe sira Ki Bayi | yèn wus dèn kêcapêna | amêsthi dèn ulu | linêpiha siya-siya | uwas-uwas iku panggawening eblis | angas pangidhêpira ||

3. Sunan Kudus angandika aris | sira bisa mati jrone gêsang | agêsang jro patine |[91] pan ingsun arsa wêruh | Ki Agêng Pêngging nauri |[92] lah ingsa Alah |[93] yèn aja sirèku | nora anjampangi iman | ingsun iki sakarêpira andalih | pan ingsun tan suminggah ||

4. lamun sira andaliha santri | nyata santri yaktine wakingwang |

--- [f. 109r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 33 dari 107

yèn têrkanên rêratone | nyata wijiling ratu | yèn têrkaa Alah sirèku |[94] pan iya nyata Alah | yèn daliha iku | kawula nyata kawula | Sunan Kudus ngandika ingsun yêktèni | arsa wruh patinira ||

5. anauri ki agêng ing Pêngging | yèn mangkono karsane nalendra | sira kang karya labêti |[95] lah indi[96] ana iku | umat bisa mati pribadi | nanging panjaluk iwang | ing sapungkur isun | aja na ngèmbèti ing kathah |[97] pan amunga ingsun dhèwèk anglabuhi | Sunan Kudus ngandika ||

6. iya aja sira walangati | kyai agêng alon wuwusira | payo sêkingira kuwe | bêlèkna sikut ingsun | dyan binêlèk sikut mring sêking | kyai agêng narik napas |[98] aniba wus lampus | Sunan Kudus sarwi gêtak | uluk salam ki agêng mêksih nauri | ya ngalèkum salam |[99]|

7. Sunan Kudus sigra mêsat mijil | wus kêpagih lan sabat sêdaya | ucapên nênggih garwane | ki agêng tan angrungu | manjing dalêm arsa sêsaji | tan ana dhayohira | tilase wus dangu | sigra dènnya miyak gubah | tiningalan kang raka sampun ngêmasi | anjrit asru karuna ||

8. wontên sabat karakêt satunggil | manjing dalêm [dalê...]

--- [f. 109v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 34 dari 107

[...m] Pak Kadim kang nama | gupuh dènnya mundhut bêndhe | Kiyai Udanarum | bêndhe iku kalane dhingin | Prabu Andayaningrat | ing nalikanipun | anglurug bêdhah nêgara | lamun bêndhe tinabuh ana garimis | pêsthi langnang[100] kang yuda ||

9. Kyai Udanarum dipun titir | abusêkan ing Pêngging wurahan | alok awor lan tangise | wêtara kalih atus | ingkang sampun nututi dhingin | kang kari gurawalan | liwrêran asêlur | Susunan Kudus miyarsa | sigra kèndêl ing ngandhaping pucung uni | Ngaru-aru kênyanan ||

10. Kyai Macan tinitir ngêbêki | syarane lir macan angombang |[101] wong Pêngging bawur tingale | balane Sunan Kudus | pangrasane ana sakêthi | ngalèr ngilèn lampahnya | kang Sinuhun Kudus | binabujung lampahira | kulawăngsa ing Pêngging gumrah nututi | nguwuh akèn mandhêga ||

11. hèh wong cidra mandhêga rumiyin | aja tanggung tumpês sêdaya |[102] ilokna ing gustine |[103] ilokna sanak ingsun | padha bela alêbu pati | tinon samya kotbuta | susunan ing Kudus | nolèh kèndêl angandika | bala Pêngging ingsun iki tan ngèmbèti | marang kang kaya sira ||

--- [f. 110r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 35 dari 107

12. kawulawêrga asru dènnya angling |[104] ya wong cidra wuwuha |[105] ingsun atènana[106] bae | angadu tosing balung | rêbut beda awala pati | atêpung pupu jagang[107] | akantaran bau | payo atakêr ludira | kêkêncênganing atot[108] ulêding kulit | dèn sami aja cidra ||

13. Sunan Kudus angandika aris | sarwi angawe padha muliha | aja na salah dudune | bala cilik sadarum | nora nana ingkang udani | dosane gustinira | aprana ing ratu | êcise kinipat ngetan | pangrasane mangetan kang dèn tututi | wong Pêngging samya ngetan ||

14. abêbujung samya nututi |[109] pangrasane gêgaman alêksan | padha mangketan[110] loroge | panon sami sêmaput | mulat mungsuh kanan kèri |[111] pijêr ubêng-ubêngan | tan ngalor tan ngidul | ngetan nora ngulon nora | Sunan Kudus ing Kali Pepe wus prapti | lèr kali tata lênggah ||

15. anyirati têgal kidul kali | angandika marang sabatira | wong Pêging amêsakake | têpê-têpa[112] wak ingsung | duwe sanakan duwe gusti |[113] dimène padha prapta | ing sasêdyanipun | yèn ngringête padha mêdal | lan yèn uwis ngancik têgal kidul kali | dene nêpsune ilang ||

16. nulya dèn awe maring êcis |[114] ngidul ngetan [nge...]

--- [f. 110v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 36 dari 107

[...tan] kang bingung waluya | wus uninga ing margane | samya surak gumuruh | pitung atus wadya ing Pêngging | sami arêbut ngarsa | solahe anggrêgut | Sunan Kudus katingal |[115] pangrasane lor kali ana rong kêthi | wadya abrang[116] asinang ||

17. bala Pêngging ngancik kidul kali | manahira prasamya darana | sêdaya ilang nêpsune | milane ana dhusun | i Drêrana Jibungan nênggih | miwah sadayanira | Jêng Susunan Kudus | ingkang aparing wasiyat | bala Pêngging sêdaya wus samya mulih | amênêdi kunarpa ||

18. Susunan Kudus lajêng lumaris | ênêngêna ing Pêngging kocapa | kang layon sampun sinare | lèr wetan dalêmipun | ingkang garwa langkung prihatin | putra jalu satunggal | wayahe cumucud | sasampuning pitung dina | garwanira ki agêng nusul ngêmasi | tinunggil lan kang raka ||

19. Radèn Karèbèt ginati-gati | kang kagenan sadaya santana | pan ingugung sakarsane | Kangjêng Susunan Kudus | lampahira ing Dêmak prapti | katur sasolahira | pratingkah ingutus | panêmbahan langkung suka | datatita sawusira lami-lami | kang Sinuhun Bintara ||

20. apêputra nênêm sri bupati | èstri satunggal gangsal kang priya | Pangeran [Pange...]

--- [f. 111r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 37 dari 107

[...ran] Sabrangêlère | punika ingkang sêpuh | krama antuk ing Panaragi | Bathara Katong ika | ingkang ngambil mantu | panêngah Radèn Trênggana | ingkang rayi Pangeran Seda ing Kali | lan Pangran Kandhuruan ||

21. Radèn Pamêkas ingkang wuragil | ingkang èstri ratu mas akrama | Panêmbahan ing Carêbon | cinarita adangu | kangjêng panêmbahan wus lalis | ingkang gumantya nata | putra ingkang sêpuh | Jêng Pangeran Sabranglèrnya | tan alami jênênge anulya lalis | sinare tunggil rama ||

22. Radèn Trênggana jumênêng aji | para wali ngèstrini sêdaya | Sultan Dêmak bisikane | pêngulu Sunan Kudus | patihira tumut alalis | Patih Mangkurat pêjah | sutane jêjuluk | Kyana Patih Wonasalam | ênêngêna ing Pêngging wuwus malih |[117] Radèn Karèbèt ingkang ||

23. awayah umur sadasa warsi | kalangkung pêkik ing warnanira | padêksa[118] sêdhêng dêdêge | alus sariranipun | bau wijang turut aramping | cahya kadya sasăngka | mangsane awêlu | kaciwa dene alola | maksih rare karêm maring wong rigit[119] |[120] asring ngèngèr dhêdhalang ||

24. sêntanane anyakarêp sami |

--- [f. 111v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 38 dari 107

Radèn Karèbèt pinrih ecanira |[121] pan ingugung sakarsane | malah wus bisa manggung | kawarnaa Nyai Gêng Tingkir | marang Pêngging sêmana | dene sêdyanipun | amurugi putranira | dene rama ibune sampun ngêmasi | ing Pêngging sampun prapta ||

25. Radèn Karèbèt nulya kapanggih | tinangisan marang ingkang uwa | miwah santanane kabèh | sami karuna umyung | kathah-kathah kaos ngati |[122] Nyai Gêng Tingkir mujar | sanak-sanak ingsun | ngong jaluk lilane padha | anakira sun gawa marang ing Tingkir | kabèh matur sumăngga ||

26. wus binêkta rahadèn mring nyai | sampun prapta ing Tingkir sêmana | dinama-dama putrane | Nyai Gêng Tingkir iku | pan kiringan ing kanan kèri | brêkate ingkang raka | kang mêksih dèn suhun | pinundhi-pundhi macapat | sira radèn katêlah Ki Jaka Tingkir | anèng ing Ngardipurwa ||

27. nanging karêp[123] panggonan kang sêpi | jurang pèrèng wona pagunungan | malah agung ngênêp[124] pèrèng | jurang jro ingkang singub | angulati tis kang êning |[125] ngulari kaprawiran | among ing tumuwuh | agraitèng prajuritan | mrih widagdya kadigjayan wijayanti | beda lan

--- [f. 112r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 39 dari 107

rare kathah ||

28. ingkang ibu kalangkung prihatin | lama-lama ingkang putra diwasa |[126] sangsaya adoh parane | asipêng tigang dalu | malah kongsi ing pitung bêngi | kang ibu langkung susah | sêmana duk rawuh | ingkang putra tinangisan | sira[127] kulup apa ta sêdyanirèki | anggung sipêng ing wana ||

29. aja sira sipêng wana maning | ya ta kulup rasane ti ningwang | norana sun dulu anggèr | balikan sira maskun[128] | apa ingkang sira karsani | nyawa sira jaluka | ing sapatutipun | wong miskin pan sarwa ana | têtilare ramanira amêpêki | aja gung turu wana ||

30. lamun sira rêmên dhedhe gusti | nora dhêmên aseba ing wisma | aranta ana papane | sira mèlua kulup | anjênêngi marang ing sabin | wong roro juru gaga | lan bari nênungkul | ana ingsun arsa-arsa | ingkang putra sigra dènnya mundhut cukil | nusul marang pagagan ||

31. pagagane sawetaning kali | panggih lawan rencange bunira | kêkalih juru sawahe | sadina tan amantuk | santri kalih mulih abukti | wayah ngandhape ngasar | riris rada têdhuh | kang Sinuhun Kalijaga | sangking kidul lampah atêtêkên êcis | sangking ing Pamancingan ||

32. nguwuh-uwuh[129] sangking jawi sabin | lah ta kulup marènana |[130] asaba ing pagagane | sira bakale ratu | kang amêngku ing nusa Jawi | angur angawulaa | marang Dêmak kulup | ing kono dadi jalaran | nulya lajêng wau kang Sinuhun Kali | angalèr sampun [sa...]

--- [f. 112v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 40 dari 107

[...mpun] lêpas ||

33. Radèn Jaka grajita[131] ing galih | dupi lampahe datan[132] katingal | radèn nulya mantuk age | matur marang kang ibu | wontên tiyang langkung ing gagi | anguwuh dhatêng kula | lah muliha kulup | aja kèrêm ing pagagan | suwitaa marang ing Dêmak tumuli | sira bakale nata ||

34. kang ibu sru dènnya anastiti | ing dêdêge kulup kadi sapa | kang nguwuh maring dhèwèke | kang putra alon matur | runggah-runggah agêng ainggil | wulung ingkang rasukan | dhêstaripun wulung | kang ibu asru ngandika | iku kulup ingkang sinuwun ing Kali | nyawa inggal turuta ||

35. antuk sabda ing pandhita luwih | iya kulup nuli lakonana | suwita ing Dêmak age | ingsun duwe sadulur | asuwita sri narapati | lêlurah Suranata | awasta Ki Ganjur | yaiku sundhulan ingwang | lah jujugên kang putra dèn pituturi | sadalu malah siyang ||

36. kinèn ngatêr santrine kêkalih | sampun mangkat sangking Ngardipurwa | wong tiga lêpas lampahe | datan kawarna ngênu | nagri Dêmak anulya prapti | anjujuk ênggènira | Ki Ganjur agupuh | wus tata sami alênggah | santri kalih kalawan Ki Jaka Tingkir | santri kalih anêbda ||

37. ingkang salam raka dika nyai | kaping kalih putrane Ki Jaka | punika dèn aturake | arsa suwitèng ratu | Kyai Ganjur lingira aris | iki putrane kakang | baya lèh mêmupu | kang tinakèn aturira | inggih ugi wijile sangking ing Pêngging | nanging wus manjing putra ||

38. wêktu ngasar sêmana marêngi | kangjêng sultan têdhak karsa salat | marang ing Suranatane [Suranata...]

--- [f. 113r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 41 dari 107

[...ne] | sabên-sabên ing wêktu | miyos salat sri narapati | Suranatan kinambang | asri yèn dinulu | binata rawi tirahnya | upacara wus manjing gapura sami | bubar wong Suranata ||

39. mila bubar kajêng[133] sultan prapti | yèn wis malêbêt jroning kêkubah | Suranata munggah kabèh | sira Kiyai Ganjur | mujar marang Ki Jaka Tingkir | kulup mireya inggal | ika sang aprabu | Ki Jaka dhodhok kewala | sarêng cêdhak sang nata Ki Jaka Tingkir | lumumpat mungkur sigra ||

40. sakilène balumbang wus prapti | kangjêng sultan kagyat duk tumingal | mèngsêm aris timbalane | anake sapa iku | Kyai Ganjur sigra wotsari | pukulun anak kula | rare sangking dhusun | Nyai Tingkir ingkang putra | angandika sun pundhut anakirèki | tinimbalan ing ngarsa ||

41. sumungkêm muka konjêm ing siti | kangjêng sultan aris angandika | lah bocah sapa arane | sira rare ing dhusun | warnanira tuhu apêkik | Ki[134] Jaka atur sêmbah | kawula sinuwun | pun Jaka Tingkir kang nama | kangjêng sultan mèngsêm agugung ing galih | aris kang pangandika ||

42. awilêtan cahyane amanis | nadyan silih kawijilan desa | bocah i pasêmone |[135] iya sira sun pundhut | aja ana pamane rèki | sira sun pèk anak |[136] Ki Jaka wotsantun | sultal[137] minggah salat ngasar | sabakdane [sa...]

--- [f. 113v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 42 dari 107

[...bakdane] kundur malêbêt ing puri | kinanthi Radèn Jaka ||

31. Kinanthi

1. sapraptanira kêdhatun | sira Ki Jaka ing Tingkir | winor lawan panakawan | miwah kang putra lit-alit | lamun sang nata cangkrama | tan pisah lan Jaka Tingkir ||

2. nitih gêrbong bale lumut | para garwa jêbad bedri | apêpara marang wona | sang nata misrah[138] pribadi | wuruk kêkalih binakta | katiga Ki Jaka Tingkir ||

3. anitih tunggalan wuruk | ginarêbêg marang wanadri |[139] ana sima kumaresak[140] | ngandika sri narapati | apa ingkang kumarosak | wuruk satunggal wotsari ||

4. punika sima pukulun | ngandika sri narapati | apa wadon apa lanang | wuruk matur awotsari | pukulun anuhun duka | kilap jalu kilap èstri ||

5. Ki Jaka Tingkir wotsantun | malumpat sangking padhati | sigra ambêbujung sima | cinadhak[141] sima wus kêni | binopong marang ing ngarsa | wus katur sri narapati ||

6. langkung suka sang aprabu | tumingal Ki Jaka Tingkir | saya wuwuh kapracaya | anênggih Ki Jaka Tingkir | yèn amêng-amêng ing toya |

--- [f. 114r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 43 dari 107

sungaban pinggir jêladri ||

7. titihanira sang prabu | palwa rêmbaya rêspati | pinalisir sutra jênar | Ki Jaka mugèng ing canthik | yèn ana gumêbyur toya | sang nata ngandika aris ||

8. apa abane gumêbyur | Ki Jaka sigra ngêbyuri | salulup lêbêting toya | cinandhak baya wus kêni | bajul nora duweni solah |[142] wus katur sri napati[143] |[144]|

9. langkung sih marwatèng sunu | marang Ki Jaka ing Tingkir | katonton prawiranira | mangkana sri narapati | wadya prawira tamtoma | kalih atus kang sinêlir ||

10. kajangkêpan kawan atus | kang samya gambirèng wèsthi | kang tate mamah kêracan | susur cèkèl lawan biring | sasogok kudhup cêpaka | cêcêk-cêcêk cacing anil[145] ||

11. wus kinarya lurahipun | kawan atus wong sinêlir | sinung nama Radèn Jaka | lurah kêkasih |[146] misuwur wong sabintara | kinasihan ing nrêpati ||

12. abagus prawirèng kewuh | jêtmika alus ing budi | limpad ing pasang graita | sura wêweka ing wèsthi | wadya prawira tamtama | sêda[147] awêdi asih |[148]|

13. radèn dadi panjang kidung [ki...]

--- [f. 114v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 44 dari 107

[...dung] | dadya kundhanging pawèstri | ujare răndha wêlanjar | kabèh padha nanotoni[149] | sanadyan samining pringya[150] | kasmaran mring Jaka Tingkir ||

14. sandhung jêkuk tiba kabruk | asambat Ki Jaka Tingkir | wong ngulèt angob sêsambat | [...] | kangjêngkang[151] karangkang-rangkang | adhuh lae Jaka Tingkir ||[152]

15. kocapa ing alun-alun | ing Dêmak pan sabên enjing | jêbgogan[153] lawan aluran | dêdukik[154] kathah ningali | lêbon prawira tamtoma | putra punggawa lan mantri ||

16. jinajal samya ingadu | lan banthèng sami satunggil | linawan tanpa gêgaman | karo tangan amatèni | kalamun nora mangkana | sadaya pêsthi tinapik[155] ||

17. miwah maesa andanu | ngêmbari padha sawiji | linawan tanpa gêgaman | karo tangan ametèn |[156] tinapuk miwah dhinupak | maesa danu ngêmasi ||

18. pagunungan urut dhusun | wong kang luwih rosa sêkti | samya kalêbu tamtoma | sadaya dipun ayoni | ana dadi ana ora | ya ta wontên kang winarni ||

19. sujalma luwih pinujul | ing Kêdhu wismane Pingit | Dhadhungawuk

--- [f. 115r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 45 dari 107

namanira | têguhe kapati-pati | malèsèd katiban braja | pan kadya bêlabag wêsi ||

20. kalangkung atêguh timbul | datan ana amiyatani |[157] sakèh braja tan tumama | Dhadhungawuk mirsa warti | kalamun sri naranata | amilih ing wong linuwih ||

21. Dhadhungawuk wus malêbu | ing nagari Dêmak prapti | ajujug ing pagalaran[158] | sangandhaping ing sitinggil | gèn prawira tamtoma |[159] Ki Dhadhungawuk alinggih ||

22. rahadyan lurah winuwus | lagya ngandikan ing puri | Dhadhungawuk tinakenan | kawula tiyang ing Pingit | arsa malêbêt tamtoma | dening kawulaning jawi ||

23. tanpa tandhing sampun wêwudhu |[160] kalis sakathahing wêsi | kawula sampun miyarsa | yèn gusti sri narapati | karya prawira tamtoma | amilihi wong linuwih ||

24. atêguh prawirèng timbul | pramila kawula prapti | kaatur ing sang nata |[161] tamtoma samya anauri |[162] mangke anggèr radèn lurah | lagya ngandikan mring puri ||

25. tan adangu nulya rawuh | rahadyan lurah kêkasih | obah prawira tamtoma | rahadyan sampun alinggih | prawira mugèng ing ngarsa [ngar...]

--- [f. 115v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 46 dari 107

[...sa] | samya umatur ing gusti ||

26. punika pun Dhadhungawuk | têtiyang sangking ing Pingit | sêdyanira angawula | mring gusti sri narapati | manjing kawula tamtoma | yèn suwawi lawan gusti ||

27. umatur pun Dhadhungawuk | yèn suwawi lawan gusti | kawula mapas[163] sumăngga | yèn gusti arsa ngayoni | abot paman wong tamtoma | dinadar karsane gusti ||

28. Dhadhungawuk kancanisun | asusur kracan lan biring | sadaya amamah pêdhang | pan samya kalis ing wêsi | Dhadhungawuk aturira | kalangkung lêga kang ati ||

29. asakit badan pukulun | yèn botên katiban wêsi | nadyan tawonga[164] sadina | yèn botên rinampok kêris | agatêl badhan kawula | yèn botên dipun gêbugi ||

30. ing alu kalawan watu | dene ta sri napati |[165] amilih ing wong prawira | mila kawula angabdi | manjing prawira tamtoma | angandika sang apêkik ||

31. mapan sun jajal karuwun | Dhadhungawuk matur inggih | anggèr alêga kang manah | suwi[166] karsa ngayoni |[167] iya isun dhewe paman | kang jajal marang sirèki ||

32. dèn kaparêk

--- [f. 116r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 47 dari 107

lawan ingsun | Dhadhungawuk marêpêki | Radèn Jaka lagya mucang | wus ngasta sadak kang rawis | sigra sinuduk ing sadak | jaja bêngkah angêmasi ||

33. angêjèpi kancaningpun[168] | sêdaya samya winangsit | sigra kinarocok sadak | ajur mumur kocar-kacir | Dhadhungawuk jisimira | mapan nora dadi takir ||

34. datan ana liyanipun | gantal kinarya nyuduki | sagunging punggawa seba | sadaya kagèt[169] ningali | dèn nyana ngadu tandhingan | padha kancane sinêlir ||

35. wus alami nulya katur | ing kangjêng sri narapati | kalamun Rahadèn Jaka | punika angrampog jalmi | Dhadhungawuk wastanira | têtiyang saking ing Pingit ||

36. langkung duka sang aprabu | maring Radèn Jaka Tingkir | kyana patih ngandikan |[170] wus prapta ngarsa narpati | kangjêng sultan angandika | dhumatêng rêkyana patih ||

37. apa sira nora wêruh | polahe Si Jaka Tingkir | matèni wong tanpa dosa | kyana patih matur aris | pukulun putra paduka | taksih manah rare alit ||

38. maksih dèrèng gadhah maklum | kasusu panas ing galih |

--- [f. 116v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 48 dari 107

ningali wong paksa lancang | sinudukan angêmasi | sri nalendra angandika | tundhungên Si Jaka Tingkir ||

39. lungakna ngalam ingsun |[171] anyênyukêri nagari | mêtua jabaning rangkah | aja gawa batur siji | dadya wong alasan |[172] ki patih nêmbah wus mijil ||

32. Mijil

1. kyana patih wus prapta ing jawi | panggih lan sang anom | wus kadhawuhakên timbalane | dika tampi dukaning rama ji | anak dipun aglis | andika tinundhung ||

2. sampun ngancik sajroning nagari | timbalan sang katong | Radèn Jaka sandika ature | dhuwung nulya ngaturakên aglis | kancanira sami | sêdaya wêtu luh ||

3. nulya sang nata amêmaringi | reyale sakanthong | pan dadia punika diyade | bok sanake kang sami prapti |[173] timbalan sang aji | diyad limang atus ||

4. wus tinampan diyad mring ki patih | ing wau sang anom | lajêng saking ing paseban bae | datan ana kang ngiring sawiji | lampahira aris | sarwi ngrimong kampuh ||

5. larut bayunira sang apêkik | sumaput kang panon | kadya kêna sumampir anggane | kang tumingal tan sagêd ningali | langkung kawlasasih [kawlas...]

--- [f. 117r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 49 dari 107

[...asih] | sêdaya wêtu luh ||

6. sampun prapta ing têngah wanadri | radèn prawira nom | dèn pêpati nênggih sarirane | manjing jurang gèn rampal rupil[174] |[175] sungil singub wêrit | panggonan asamun ||

7. kidul wetaning gubug wanadri | gène sang anom |[176] pinggir kali kalingan pêpèrèng | datan purun mantuk marang Tingkir | mêna[177] ngèmbèti |[178] dhatêng ikang bu |[179]|

8. trênyuh kèsthi-kèsthining galih |[180] pan dadya wirangrong | kang tuwone raganisun kiye | urip nora pêpadhane jalmi | rama ibu lalis | lolane kalangkung ||

9. angur baya matia wak mami | dèn măngsa ing buron | sirêp jalma sêmana wayahe | trênyuhing tyas sangsaya ngranuhi | rahadyan aguling | sangandhaping watu ||

10. bayu badra plahara nêkani | pring ori gumrêrot | mêndhung riwut awor lan lidhahe | aliwêran kilat lawan thathit | ngidid awor riris | syarane gumuruh ||

11. mèh raina riris sampun aris | maruta wus alon | kumênyare baskara wêtune | Rahadèn Jaka lumampah aris | ngetan urut aring | wana ngujur gunung ||

12. wus alami radèn ing wanardi | tan [ta...]

--- [f. 117v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 50 dari 107

[...n] kauban wangon | akèh macan lunga lawan banthèng | kang kapêthuk samya angêmasi | anèng jajahaning | wana Cêngkalsèwu ||

13. Sokalila ngetan anut iring | lampahe sang anom | nabrang Kêndhêng angidul parane | nêngna Radèn Jaka Tingkir |[181] wontên kocap malih | ki buyut ing Butuh ||

14. tugil samya lan Ki Agêng Pêngging | gènnya amaguron | duk sêmana ki buyut kasahe[182] | atirakad sêdyane manggihi | ajar kari siji | anèng Gunung Kêlut ||

15. lampahira kapêthuk sang pêkik | ki buyut lingnya lon | sira iki rare apa radèn | dangu-dangu ki buyut ningali | wêwikising[183] lathi | ana èmpêripun ||

16. sun watara babo sira iki | pasange pasêmon | nora adoh lan kawijilane | mèmpêr kakang syarga ing Pêngging |[184] radèn matur aris | inggih wartinipun ||

17. kawula putra saking ing Pêngging | pun Karèbèt ingong | Rahadèn Jaka rinangkul age | Kyai Buyut waspanira drês mijil |[185] katambêtan mami | sira anak isun ||

18. tinangisan janggane kinêmpit | nyawa anak ingong | tan nyana sira katêmu kene | atutura [a...]

--- [f. 118r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 51 dari 107

[...tutura] kang dadi margane |[186] Rahadèn Jaka Tingkir |[187] atur solahipun ||

19. kala suwita sri narapati | purwane binêdon[188] | sakêlangkung ki buyut ngungune | nora kaya lêlakonmu kaki | dening kawêlasasih |[189] nyawa anak ingsun ||

20. duk sawuse seda kakang[190] syargi | ingsun atêtinjo | mapan sira ingsun takokake | wus binêkta nyi agêng ing Tingkir | lêga ingkang ati | wis ana kang mupu ||

21. Radèn Jaka wus binêkta aglis | mring Ki Buyut Butoh | datan kawarnaa ing margane | sampun prapta ing wisma tumuli | Radèn Jaka Tingkir | kalawan ki buyut ||

22. Ki Buyut Ngêrang wus dèn putusi | prapta sabrang kulon | sampun lênggah ki buyut dêlinge | anak kula kakang lagi prapti | ingkang sangking Pêngging | têtilaranipun ||

23. syargi kakang ki agêng ing Pêngging | kang lagi wirangrong | Ki Buyut Ngêrang mandêng tingale | ingsun angêmpèk anak sajati | marang sira kaki | rahadyan anuwun ||

24. cinatur anèng Butuh alami | ing sang prawira nom | sampun dungkap ing kalih candrane | winulang sakathahing ngèlmi |[191] tingkahing sayakti | wêkasing [wêka...]

--- [f. 118v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 52 dari 107

[...sing] tumuwuh ||

25. miwah ngilmune dadya nrêpati | amêngku kaprabon | wutah kabèh ki buyut wulange | ngèlmu kadegjayan wijayanti | lan ki buyut sami | ing Ngêrang mêmuruk ||

26. duk sêmana nalika alinggih | ki buyut ing Butoh | lan Ki Buyut Ngêrang rewange |[192] katiga Radèn Jaka ing Tingkir | kang dèn pituturi | bakal saguru |[193]|

27. dèn prayitna bakale dumadi | kang murungkên lakon | sira bakal pradadanan gêdhe | amêndhêka yèn ana ngladaki | bapa dèn sipangi[194] | ana catur mungkur ||

28. dêdalane ing guna sêkti |[195] saking andhap asor | ingkang padha pinunjul dadine | ratu-ratu myang para dipati | ingkang luwih-luwih | iku purwanipun ||

29. kang panutan kabèh para nabi | kang mêngku kaprabon | kang kinarya dening Yang dadine | wiwitan papa awêkasan luwih |[196] Nabi Yusup gusti | miwah Nabi Dawud ||

30. Nabi Musa lan Nabi Ibrahim | amêngku kaprabon | apadene nabinira dhewe | Kangjêng Rasul niyakaning bumi | kêna papa dhingin | awêkasan luhur ||

31. amung Nabi Suleman nênggih |[197] karsane Yang Manon | pan kinarya nglairkên [nglairkê...]

--- [f. 119r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 53 dari 107

[...n] kodrate | amarentah sakèhe dumadi | tan sinungan sakit | mung sawiji iku ||

32. nora kêna iribên samangkèn |[198] kamoktèn mangkono | lamun nora wiwit sakite |[199] nora nana anjujuga mukti | wahyaning eblis |[200] mukti panglulu |[201]|

33. Radèn Jaka padhang ingkang galih | miyarsa wiraos | langkung dening kaduwung polahe | kang wis kalakon kang dhimin-dhimin | èstu lamun sisip | awit manah sêngpuh[202] ||

34. kulup balia ing Dêmak malih | aja kongsi adoh | bokmênawa ana pandangune | angliwrêra ana kanan kèri | lamun tita gusti | yèn nora dinangu ||

35. iya nuli muliha ing Pêngging | lan Tingkir ing kono | têmbe-têmbe yèn na lilihe |[203] sri nalendra yèn karsa nimbali | kawijilaning |[204] pasthi kang jinujug ||

36. dèn aririh kalawan dèn eling | dèn prayitna kewuh |[205] ayya mingkis rêrêsan kang kiye | bokmanawa santona udani | sira nyalawadi | sinênggaman kalbu ||

37. mung têdhanên maring ing Yyang Widi | sihe sang akatong | pulung iku angèl pangalihe | arang tiba mring kang dèn sêngiti | pêsthi kang dèn sihi | pêngalih pulung |[206]|

38. age aminta kang sih |[207] tan kêna mangkono | iku cipta arusuh

--- [f. 119v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 54 dari 107

jatine | ingkang ririh dèn narima pasthi | satitahing Widi | manah kang rahayu ||

39. dèn patitis marang ing Yyang Widi | puji kang waspaos | lah pintanên marang kang agawe | bumi langit kang amurba iki | jalukên dèn kêni | abudia kayun ||

40. yèn dohna kang sira jaluki |[208] sayêktine adoh | yèn parêkna aparêk jatine | aja kandhêg dènira ningali | trêrusna sajati | gènira jêjaluk ||

41. Radèn Jaka tur sêmbah nulya mit | ki buyut lingnya lon | dunganingsun siyang latri radèn | lan dungane Buyut Ngêrang iki | manggiha basuki | wis mangkata kulup ||

42. Radèn Jaka tur sêmbah wus mijil | lampahe mangalor | tan kawarna lampahe rahadèn | prapta Dêmak ngancik têpis iring | Radèn Jaka Tingkir | lila jrone kalbu ||

33. Asmaradana

1. Rahadèn Jaka ing Tingkir | sapraptanira ing Dêmak | amêlingakên kancane | wadya prawira tamtoma | kathah prapta colongan | amanggihi radèn bagus | pan samya lara karuna ||

2. rahadèn ngandika aris | kayaparan sri nalendra |

--- [f. 120r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 55 dari 107

durung ana pandangune | iya marang awak ingwang | matur wadya tamtoma | inggih dèrèng wontên dangu | anggèr rama jêngandika ||

3. rahadyan manahe alit | dene sampun pitung căndra | nora nana pandangune | pamit maring kancanira | anudugakên[209] lampah | kantune sami umatur | sampun abih[210] kewala |[211]|

4. rahadèn sigra lumaris | ing Pêngging ingkang sinêdya | sangêt suka[212] manahe |[213] lampahe katingwang-tiwang[214] | anjujur wanapringga | sapraptane Pêngging dalu | andêdagan ingkang rama ||

5. kunêng kawarnaa malih | wontên trahe Browijaya | têdhake Jaran Panolih |[215] nama Arya Jêmbalèka | rusake Majalêngka | adhêdhukuh ing Talpitu | sukune Arga Dumilah ||

6. Ki Jêmbalèka winarna |[216] adarbe atmaja lanang | Ki Mas Amănca wêstane | kang rama alul pratopa | nênggih Ki Mas Amănca | datan arsa tunggil iku | pratapane ingkang rama ||

7. sêdya atapa pribadi | wus kesah Kemas [Ke...]

--- [f. 120v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 56 dari 107

[...mas] Amănca | pasisir kidul jujuge | lampahe kalunta-lunta | sampun ingambil anak | mring Ki Buyut Banyubiru | lir[217] tênaya gène yoga ||

8. ki buyut waspadèng gaib | kalamun Kemas Amănca | ngêmbani ratu badhene | cahyane sampun katingal | sêlaning alis ana | pulung êmbananing ratu | Kyai Buyut nora samar ||

9. têtiga kadange singgih | Ki Buyut Biru punika | Buyut Majasta arine | Ki Wuragil kang taruna | Ki Majasta asuta | Ki Jaka Wila ranipun | kinadang lawan Mas Mănca ||

10. ya ta kang winuwus malih | ingkang lagya andêdanggan[218] | anèng kubure ramane | Ki Agêng Pêngging punika | nênggih Rahadèn Jaka | lagya angsal tigang dalu | ana syara lamat-lamat ||

11. ujaring syara dumêling | aja abangêt sungkawa | angidula ngetan kene | angèngèra wong dhêdhêgkah[219] | sakidul desa Balak | ki buyut ing Banyubiru | pituture lakonana ||

12. dèrèng kapati aguling | kagyat awungu rahadyan | tumulya kesah ge-age | sanake tan ana wikan | wayah bangun raina | lampahira [la...]

--- [f. 121r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 57 dari 107

[...mpahira] radèn bagus | wus lêpas angidul ngetan ||

13. datan kawarnaa ing margi |[220] lampahira Radèn Jaka | prapta ing Balak salère | atakèn wong dhangir kapas | pundi dhukuhe paman | ki buyuta ing Banyubiru |[221] sumaur kidul punika ||

14. sigra Radèn Jaka Tingkir | lampahe anulya prapta | ing Banyubiru dhadhahe | sajawine pakarangan | Radèn Jaka atanya | dinêdahkên sampun laju | ki buyut kang kawuwusa ||

15. sêmona lagya alinggih | ingkang rayi rewangira | Buyut Majasta arane | Ki Wuragil anèng ngarsa | sakawan Kemas Mănca | ing langgar samya alungguh | Jaka Wila anèng ngandhap ||

16. Ki Banyubiru lingnya ris | ingsun mêngko dhêdhayohan | bakal ratu dhayoh ingong | ingkang mêngku nusa Jawa | tan antara katingal | ki buyut ing Banyubiru | tumurun alatah-latah ||

17. kang rayi kêkalih angling | kakang lah wontên punapa | tumurun suka gujênge | Ki Buyut Biru anabda | têtamuningsun prapta | sêsotya [sê...]

--- [f. 121v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 58 dari 107

[...sotya] kang lagya timbul | kari saparone kênthang ||

18. ki buyuta amêthuka aglis |[222] wus cundhuk lawan rahadyan | sigra kinanthi astane | radèn mirsa atur sêmbah | ki buyut kipa-kipa | nanging anggèr gustiningsun | kamangkarara atur sêmbah |[223]|

19. kang badhe anggulung bumi | angmêngku[224] rat tanah Jawa | wus prapta samya lênggah |[225] Ki Banyubiru anabda | kulup Kemas Amănca | angabêktia dèn gupuh | iya iku gustinira ||

20. pan wus karsaning Yang Widi | sotya ngêmbanan kêncona | sigra dènnya awotsinom | [...] |[226] ngabêkti angaras pada |[227] ki buyut ing Banyubiru | sakêlangkung sukanira ||

21. sinarita[228] tigang sasi | nèng Banyubiru rahadyan | ki buyut têlas wulange | ngèlmu jaya kadigjayan | sakèhe kaprawiran | miwah ngèlmune kaprabun | ki buyut wutah sadaya ||

22. kadangira Ki Wuragil | Ki Wuragil namanira | Kyai Buyut Majastane | anake Ki Jaka Wila | tinumutakên radyan | ki buyut ing Banyubiru | angatêr dhatêng rahadyan ||

23. rahadèn dawêg ing mangkin | pasang

--- [f. 122r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 59 dari 107

tibaning nugraha | dika kondurna ing anggèr | dhatêng nagara ing Dêmak | inggih rama andika | mangkye sêdhêng angêdhatun | wontên ing Ardi Prawata ||

24. andika ngatingal gusti | pun bapa bêktani ingkang | dadi sarat masêrute | kawula bêktani lêmah | badhe laloh[229] maesa | yèn antuk maesa danu | karsane ngamuk punika ||

25. ing pasanggrahan nêrpati | măngsa onoa kang năngga | liyane andika anggèr | rayi dika Ki Mas Mănca | sagone sampun pisah | Ki Wila Wuragil iku | rumêksaa gustinira ||

26. ki buyut sigra ngundangi | marang anak putunira | prasamya karyaa gèthèk | kalangkung dene prayoga | badhe ingkang titihan | ginayot ing tangsul duk |[230] rahadèn miyos ing toya ||

27. milir dhatêng ing bênawi | sangking Banyubiru êka[231] | anjog dhatêng Kali Dêngkèng | pan ing Banyubiru ingkang | kidul Dêngkèng pranahnya | iring kang lor Wukirkidul | kidul wetan ing Masaran ||

28. ki buyut awanti-wanti | lêmah puniki ing benjang | lalohêna ing kêbone | kang kêbo [kê...]

--- [f. 122v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 60 dari 107

[...bo] angamuk sigra | iya kang dadi sarat | wiwitana sira dinangu |[232] ing kangjêng sultan ing Dêmak ||

29. rahadèn anulya pamit | kalawan Kemas Amănca | katiga lan Wuragilale |[233] sakawan Ki Jaka Wila | sarêng pamita anêmbah |[234] Ki Buyut Majasta tumut | ngiras mantuk ing Majasta ||

30. sigra mangkat sang apêkik | Ki Banyubiru punika | angatêr ing ring kali Dêngkèng |[235] wus numpak gèthèk sadaya | sangtêrng[236] ilining toya | Ki Wira Wuragil iku | kalih samya nyêpêng watang ||

31. Ki Mănca ingkang mêlahi | kalawan Radèn Jaka |[237] datan winuwus milire | prapta ing dhukuh Majasta | asipêng tigang dina | nulya lajêng lampahipun | dhukuh Majasta kawuntat ||

34. Pangkur

1. sampun ajog[238] ing bêngawan | gèthèk milir ingkang arsa puniki | Kêdhung Srêngenge puniku | mêndhung riris wor barat | sanalika ana katon rara ngangsu | tinakonan mring Ki Mănca | sira iku rare ngêndi ||

2. ni rara anulya musna | gèthèk mubêng pan ora bisa milir | amilir-milir awangsul | winatangan tan obah | jinajagan kalangkung jêroning banyu [ba...]

--- [f. 123r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 61 dari 107

[...nyu] | mingêr-mingêr tan karuan | datan antara kaèksi ||

3. baya kathah pan arangap | pinggir Kêdhung Srêngenge angêbêki | kang toya angir[239] kinêbur | bajul iku bêbegal | pan kinongkon bajul dhatêng ratunipun | ratune Ki Baurêsa[240] | Jalumampang kang tinuding ||

4. tigang atus winitara | sigra mangsah gujê[241] gèthèk gumriwis | Wuragil Wila andulu | jungkêl kalêngêr mulat | sira radèn alon dènira amuwus | lah yayi dipun prayitna | bilai agêng dhatêngi ||

5. gèthèk mubêng lumba-lumba | Kemas Mănca sinarab anadhahi | sinaut sarêng amêluk | cinandhak mring Ki Mănca | bajul siji binuwang ing dharat maprung[242] | tiba kisma sampun pêjah | kang kari angrubut wani ||

6. gêbèl gèthèk pan arangap | radèn angling yayi dèn ngati-ati | sira jaba jêro ingsun | aja sira pêweka | Radèn Jaka anggêbyur malêbu kêdhung | katingal bêbaris anggambang |[243] lir ratu amangun jurit ||

7. gègèr praptatane rahadyan |[244] lajêng mangsah angamuk sang apêkik | anjêjêk sarwi anapuk | anyadhak ngadu kumba | Radèn Jaka pangamukira aliwung | sangking pangêrsaning

--- [f. 123v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 62 dari 107

Sukma | mungsuh ngisis akèh mati ||

8. singa mangsah ting sulayah | kinêmbulan rahadyan tan gumingsir | kinêrêk-kêrêk sinaut | Radèn Jaka tan pasah | yèn ambanting rinangkêp tiga malêdug | rangkêp sakawan bebas |[245] ngisis datan măngga pulih ||

9. bramatya ratuning baya | mulat marang balane akèh mati | Baurêksa mangsah gupuh | rahadèn tinarajang | dyan sinaut têpung kabèh jajanipun | agênge Sang Baurêksa | sapuluh tal winitawis ||

10. ilate kadya daludag | anglir kapurancang untune kaksi | ulêse pêthak lir kapuk | netya kadya mutyara | Radèn Jaka sinaut-saut malurut | mubêng anèng sikilira | kinipat malumpat kuping ||

11. rinagoh[246] netrane kêna | lumba-lumba radèn kukuh tan osik | bêngawan kadya kinêbur | kocapa kang nèng dharat | Kemas Mănca arame pêluk-pinêluk | lawan Patih Jalumampang | sinaut banti-binanting[247] ||

12. cinandhak Sang Jalumampang | nora solah sinawatakên aglis | malêdug nèng kayu wêru | pêjahe Jalumampang | bajul kathah kang mara mara kasambut | galasah [ga...]

--- [f. 124r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 63 dari 107

[...]

--- [f. 124v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 64 dari 107

[...]

--- [f. 125r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 65 dari 107

[...]

--- [f. 125v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 66 dari 107

sah Puspadirona lan babone

[...]

--- [f. 126r][248] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 67 dari 107

[...lasah] binuwang dharat | kang urip pating karêmpis ||

13. Mas Mănca tuhu prawira | sirna kabèh baya kang anèng nginggil | Wuragil Wila wus emut | agagêtun tumingal | dene kathah gêlasah dharat kang bajul | kang anèng sanjroning toya | Baurêksa wus kajodhi ||

14. apolah-polah tan bisa | wus anungkul balane dèn sapihi | kang sêdya sami atulung | rahadèn angandika | iya apa panungkulira maringsun | matur sang ratuning baya | punapa pinundhut gusti ||

15. rahadyan alon ngandika | ingsun mundhut baya marang sirèki | siji-siji sabên taun | matur Sang Baurêksa | pan sumăngga ing gusti sakarsanipun | inguculakên saksana | nulya byar katon jro puri ||

16. andhêndhêng kadhatonira | Baurêksa sineba ing jro puri | rahadyan sinuwun-suwun | asrah kadhatonira | cinarita Radèn Jaka tigang dalu | anèng kayangane baya | nulya pamit radèn mijil ||

17. Sang Baurêksa tut wuntat | ngatêrakên ing sanjawining kori | lawan angaturi bajul | kawan dasa ngatêrna | anănggaa ing gèthèk pamiliripun | prapta ing jawi rahadyan | sigra minggah gèthèk malih ||

18. wus panggih lan Ki Mas Mănca | Ki Wuragil Wila gêtun kêpati | den nyana yèn sampun lampus | anèng dhasaring toya | angandika rahadyan padha rahayu | ana pangrêksaning Sukma | maring sira lawan mami ||

19. ratuning baya wus kêna | nungkul marang ingsun kasoran jurit | kang dadi têtunggulipun | aran Sang Baurêksa | majêk baya siji-siji [si...]

--- [f. 126v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 68 dari 107

[...ji-siji] sabên taun | Ki Êmas Mănca tur sêmbah | sang anom arsa luris[249] |[250]|

35. Sinom

1. sigra milir gèthèkira | bajul samya anjagani | kawan dasa ingkang năngga | rumêksa ing kanan-kèri | sadaya ngati-ati | miwah ngarsa lawan pungkur | watang wêlah binuwang | Ki Wila lawan Wuragil | sami eca angadhêp ing gustinira ||

2. sirêp jalma wayahira | Rahadèn Jaka tan pangling | ing Butuh bêbaganira | arsa kèndêla sang pêkik | ponang gèthèk pan aglis | ginêthok-gêthok ping têlu | bajul sadaya mirsa | ing wangsite radèn mantri | ingkang gèthèk binêkta minggir saksana ||

3. anulya gèthèk cinancang | Ki Wila lawan Wuragil | rahadyan sampun anendra | myang têtiga sarêng guling | kuwayon langkung arip | ya ta gênti kang winuwus | Ki Buyut Butuh ika | ing nalika têngah wêngi | aningali ing langit ana gumêbyar ||

4. ki buyut anulya mêdal | tiningalan pinggir kali | mapan kadya padhang bulan | dudu padhange kang sasi | mêncorong pinggir kali | ki buyut sigra tumanduk | apa ta padhang ika | baya wahyuning nêrpati | praptèng pinggir bêngawan kagyat tumingal ||

5. wong papat sami anendra | anèng gèthèk pinggir kali | kang sawiji rada pisah | punika dipun tingali | ana cahya nêlahi | sakêlapa agêngipun | gumawang nginggil nendra | kyai buyut nora pangling | dene iki anak ingsun Radèn Jaka ||

6. dene kapati anendra | ana sapinggiring kali [ka...]

--- [f. 127r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 69 dari 107

[...li] | lah radèn sira wungua | aeca dènira guling | tan wruh nugraha jati | cahya nurbuwat kang rawuh | dumunung marang sira | kagyat wungu sang apêkik | ingkang rama ki buyut angrangkul jăngga ||

7. pageneya radèn sira | têka sare pinggir kali | Rahadèn Jaka turira | purwa madya wêkasaning | wus katur sakathahing | ki buyut amanthuk-manthuk | sokur-sokur nak ingwang | pinarêng padha basuki | wus binakta rahadèn mantuk ing wisma ||

8. pan sampun tatas raina | Ki Buyut Ngêrang wus prapti | atata prasamya lênggah | ki buyut atakèn warti | tinutur sasolahing | ngungun sokur ing Yyang Agung | cinatur madya căndra | kèndêl nèng Butuh sang pêkik | kyai buyut datan pêgat wulangira ||

9. risampunira mangkana | rahadèn tinundhung aglis | lah anggèr nuntên mangkata | sêdhêng punika lumaris | mupung sri narapati | jêngkar sangking ing kêdhatun | andon anèng Prawata | rahadyan anulya pamit | kyai buyut sakalihan ngatêrêna ||

10. anèng pinggiring bêngawan | Rahadèn Jaka lumaris | wus nitih gèthèk lumampah | bajul năngga kanan kèri | kang sangking kêdhung nguni | Srêngenge pating jalêgur | sami suka sadaya | warêk dènira abukti | sugatane bajul sapangisorira ||

11. tatane pan kadi jalma | singa kamargan lumaris | sami amapak sasêgah | dene utusaning gusti | agilir kang jagani | sêmana anulya rawuh | salèr wetan Majênang [Majê...]

--- [f. 127v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 70 dari 107

[...nang] | bêngawan tikung anênggih | gèthèkira ginêthok malih ping tiga ||

12. bajul ing wangsit uninga | saksana binêkta minggir | Rahadèn Jaka wus mêntas | gèthèk nulya dèn tatasi | ting salêbar wus kentir | bajul mirsa wangsitipun | yèn sampun karyanira | kang bajul sadaya mulih | radèn raryyan ing ngandhap Bulu sêmana ||

13. wontên wong babat satunggal | mara sarwi nyangking kudhi | wong papat pan tinakonan | ki anak kênira pundi | Radèn Jaka nauri | iya paman Dêmak ingsun | lah êndi marganira | paman kang anjok ing wukir | ing Prawata pasanggrahane sang nata ||

14. sumaur kang tinakonan | angalèr ngilèn puniki | margane dhatêng Parwata | rahadèn ngandika aris | alas iki ing benjing | paman lamun dadi dhukuh | ingsun kang awèh nama | desa ing Tindak abêcik | wiwit tindak ingsun sangking ing bêngawan ||

15. nauri kang sinung sabda | rahadèn langkung prayogi | Dyan Jaka sigra lumampah | angalèr ngilèn wus têbih | Ki Mas Mănca Wuragil | Ki Wila tansah ing pungkur | samarga arêrasan | wus lêpas nasak wanadri | datan kandhêk dêrmane amurang marga ||

36. Durma

1. sampun prapta jajahan Wukir Prawata | kèndêl rahadèn mantri | dene sampun cêlak | kalawan pêsanggrahan | wong papat anèng wanadri | ular maesa | andanu kang prayogi ||

2. sampun dangu angulari datan angsal | nulya ana kaèksi | kinêpung wong papat | cinêkêl mring Ki Mănca | maesa danu wus kêni | wus linolohan | lêmah ing Banyuwilis ||

3. sasampune kêbo

--- [f. 128r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 71 dari 107

dhanu inguntalan | sakala kirik-kirik | ulatnya jênggirat | abêkus kipat-kipat | sikil gêdrug nakur siti | lir singa lodra | yèn tinon angajrihi ||

4. wus lumajar munggah ing Ardi Prawata | pasanggrahan sang aji | ngamuk pamondhokan | nujah angundha-undha | gidrah-gidrah ngobrak-abrik | gègèr puyêngan | kêbo ambilaèni ||

5. dyan rinampog binêdhil mimis tan pasah | têguh kapati-pati | kathah kapracondhang | para mantri ing Dêmak | kang sinundhang angêmasi | kang ora pasah | mati dèn uli-uli ||

6. gègèr gumrah suwaraning pasanggrahan | katur dhatêng sang aji | kêbo ngamuk sura | tan pasah dening braja | kadrawasan para mantri | wadya prawira | tamtama dèn undhangi ||

7. wus sanega wadya prawira tamtama | anulya angêmbari | kêbo dhanu sura | mangsah lurah têtiga | umangsah agênti-gênti | kêbo cinandhak | pathakira binithi ||

8. pan adade wadya prawira tamtama | tan nganggo amindhoni | yèn nabok maesa | sumyar muncrat utêknya | mung punika tan ngênèni | pan ora pasah | mati dèn uli-uli ||

9. tinulungan gênti kancane umangsah | sayah dipun bijigi | nadyan tan pasaha | sariranira lêsah | tamtama ngalumpruk sami | pating sulayah | giris ingkang ningali ||

10. saya riwut maesa pangamukira | asru angobrak-abrik | miwah pra dipatya | kathah sayah dèn undha | binarondong dening bêngdhil[251] | datan tumama | kadya bêlabag wêsi ||

11. kêbo iku sampun kaisèn timbulan | Ki Buyut Toyawilis | milane kalintang | têguh prakosanira | mimis timah kang nibani | lan mimis waja | kabèh dadya gulali ||

12. kangjêng sultan sampun minggah pêpanggungan [pê...]

--- [f. 128v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 72 dari 107

[...panggungan] | akarsa aningali | solahing maesa | kathah tiwas kang wadya | duk tumingal sri bupati | ngungun wêrdaya | èstu lamun ngajrihi ||

13. pan kinêpung maesa sangking kadohan | singa katrajang ngisis | sultan langkung duka | ya ta nulya tumingal | ana wong papat ningali | kang anèng ngarsa | nênggih Ki Jaka Tingkir ||

14. datan samar sang nata mring Radèn Jaka | Juru ika Si Tingkir | lah Jêbat dèn enggal | têmonana Si Jaka | apa wani angêmbari | marang maesa | yèn uga anguwisi ||

15. sun sapura sadosane anak ingwang | sêmana amarêngi | lilih kangjêng sultan | Ki Jêbatwuruk sigra | rahadèn dèn palajêngi | Ki Mănca mulat | jawil mring radèn mantri ||

16. lah paduka punika pinalajêngan | radèn andhodhok aglis | Jêbatwuruk prapta | dhawuhkên kang timbalan | anggèr timbalan nêrpati | lamun andika | yèn sanggup angêmbari ||

17. ing maesa kang ngamuk tan ana năngga | rahadyan matur aris | yèn wontên timbalan | sanajan awuwuha | maesa dhanu linuwih | dhatêng ing pêjah | inggih datan gumingsir ||

18. Jêbatwuruk sigra prapta ing ngajêngan | saos atur sang aji | pan putra paduka | pêjah gêsang katura | angandika sri bupati | sira nabuha | Kodhokngorèk dèn aglis ||

19. undhangana si patih lan pra dipatya | dèn rame anyuraki | sigra dhinawuhan | sakathahing punggawa | gong munggang ngungkung wus muni | kêbo miyarsa | bêkos akirig-kirik[252] ||

20. Radèn Jaka sigra mangsah karo asta | maesa anadhahi | anumbuk angundha | radyan maksih anguja | pinrih sukane nêrpati | angundha-undha | anulya dèn lumpati ||

21. tinadhahan rahadyan ingundha tiba | kapalèsèt ing gigir | buntute cinandhak | maring ing asta kiwa | buntut jêbol ngolang-ngaling | anglumba-nglumba | mubêng maksih numbuki ||

22. awurahan [awu...]

--- [f. 129r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 73 dari 107

[...rahan] surak lor kidul lan wetan | angundha ambijigi | tinadhahan jaja | dangu nulya cinandhak | tinapuk kang siti mijil | lêmah timbulan | kang sangking Toyawilis ||

23. wus anglumpruk maesa lajêng palastra | suka sri narapati | tuhu yèn prawira | Si Tingkir sutaningwang | nulya sami dèn timbali | prapta ing ngarsa | lan ki patih tur manis ||

37. Dhandhanggula

1. ingantukkên Radèn Jaka Tingkir | kalurahan prawira tamtama | sang nata pangandikane | patih sun arsa kondur | undhangana para dipati | miwah sakèhing wadya | ki patih wotsantun | lèngsèr angundhangi wadya | wus sanega nulya jêngkar sri bupati | sangking Ardi Parwata ||

2. awurahan syarane kang dasih | tan winarna wus rawuh ing Dêmak | sultan malêbèng purane | Rahadèn Jaka sampun | ingantukkên ênggène lami | suka sakancanira | sigêgên rumuhun | Ki Agêng Gêtas Pêndhawa | apêputra pêpitu kathahe nênggih | jalu pambayunira ||

3. Kyai Agêng Sêsela anênggih | Nyai Agêng Pakis arinira | Nyi Gêng Purnama arine | nyai agêng ing Bakung | Nyai Agêng Adibayèki | lawan Nyi Agêng Karang | lan Nyai Gêng Wangsul | jangkêp pêpitu kang putra | Kyai Agêng Gêtas Pêndhawa winarni | sêmana sampun seda ||

4. Kyai Agêng Sêsela gumanti | mring kang rama dadya pangauban | ing kulawarga sakèhe | tanapi kadangipun | kyai agêng pinundhi-pundhi | kinarya panêmbahan | dene kadang sêpuh | gagêntose ingkang rama | cinarita ki agêng sampun akrami | myang kadange sadaya ||

5. sampun samya adhukuh pribadi | Kyai Agêng Sêsela winarna | asêsabin karêmêne | kalawan anênandur | sarwa pala ing têgal asri | ki agêng lagya kesah | sarwi nyangking pacul |

--- [f. 129v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 74 dari 107

ing wayah dèrènge asar | karsanira aningali ingkang sabin | wus prapta pasawahan ||

6. amarêngi udan rimis riris | kyai agêng datan mawi rowang | mung tigang gêcok dangune | dènira amêmacul | tan antara gêlap kang prapti | nambêr Ki Agêng Sela | syarane jumêgur | gêlap anulya cinandhak | mring ki agêng pan arupa kaki-kaki | gêlap sigra binănda ||

7. kyai agêng ing wisma wus prapti | karsanira lajêng dhatêng Dêmak | angaturakên gêlape | tan winarna ing ênu | sapraptane wontên nêgari | anjujug ing paseban | kathah wong kang dulu | ki agêng pan nora suka | lamun ana wong nonton kinon atêbih | iku dudu durjana ||

8. mapan iku rupa kaki-kaki | satuhune iku nyata gêlap | sun aturkên ing sang katong | padha gawok kang dulu | nulya katur marang sang aji | ki gêdhe tinimbalan | marang sang aprabu | sapraptanira ing ngarsa | kangjêng sultan kalangkung suka ing galih | ningali ingkang gêlap ||

9. Ki Agêng Sêsela umatur aris |[253] wiyosipun kawula asohan | ngaturkên gêlap èstune | sumăngga ing pukulun | kangjêng sultan rêna ing galih | lagya têmbe tumingal | marang warnanipun | sri nalendra angandika | patih sira karyaa gunjara[254] wêsi | ingsun gawe ngunjara ||

10. sampun dadya kang kunjara wêsi | gêlap wau sampun ginunjara | wong nonton tanbuh kathahe | undhangira sang prabu | lamun iku anjaluk warih | aja na kang awèha | ingundhangan sampun | wong nonton saya kèh prapta | sami gunggung Ki Agêng Sela yèn sêkti | pratăndha nyêkêl gêlap ||

11. wus mangkana ana nini-nini | anênonton tumèmpèl kunjara | amor kêlawan wong akèh | nanging tan ana wêruh | lamun iku gêlap pawèstri | sarta ambêkta toya | winadhahan bêruk [bêr...]

--- [f. 130r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 75 dari 107

[...uk] | sarêng sêpi ingkang jalma | jawab tangan sanjrone gunjara wêsi | sarya nyukani toya ||

12. wus tinampan bêruk isi warih | nulya ngumbe kaki gêlap lanang | pan nora antara suwe | nulya muni jumêgur | sampun bubar kunjara wêsi | kagyat sami miyarsa | pinariksa gupuh | gunjara kapanggih bubrah | kaki gêlap wus mumbul marang wiyati | mulih kayanganira ||

13. kang sawênèh gêlap iku singgih | apa nyata iya iku gêlap | nora nana ing adade | kêna cinêkêl gapyuk | lan arupa wong kaki-kaki | sayêkti dudu gêlap | wantêre ing laku | wong sêlagi katarima | sêjatine kang cinêkêl iku iblis | amindha-mindha gêlap ||

14. jatine gêlap iku camêthi | nora wênang cinêkêl manusa | dene ta dudu ukume | nyatane gêlap iku | upamane kaya gêgitik | sawate malaekat | pakoning Yyang Agung | kinon rumêksa ing udan | padha ganggu sakèhe kang setan bêlis | marang turuning udan ||

15. kang wus nyata tingalirèng Widi | nora samar wong anyêkêl gêlap | pan dadi têrsăndha bae | sangking têmêning laku | tinarima dene Yyang Widi | pinaringan kahana | yèn tinon asêmu | măngsa ta dèn paidoa | kalakuwan mungguh kang wong jaman dhimin | mantêp pracayanira ||

16. kyai agêng wus tinundhung mulih | sampun lèngsèr sangking ing ngajêngan | nulya prapta ing wismane | ki agêng kang winuwus | ing Sêsela sampun sêsiwi | nênêm ingkang wanodya | wuragile jalu | dadya pêpitu kang putra | Nyai Agêng Lurungtêngah pambayuning | panggulu Nyi Gêng Saba ||

17. pandhadhane Nyai Agêng Băngsri | Nyai Agêng Jati arinira | Nyi Gêng Pêtani arine | Nyai Gêng Pakiskidul | sampun jangkêp nênêm kang èstri | ingkang wuragil priya | dene

--- [f. 130v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 76 dari 107

wastanipun | Ki Agêng Ênis punika | nyai agêng ing Saba pêputra kalih | èstri pambajêngira ||

18. ingkang anèm Ki Juru Mêrtani | nyai agêng ing Saba sêmana | besanan lawan arine | nênggih kang turun jalu | ingkang rayi Ki Agêng Ênis | Kiyai Pamanahan | wastane kang sunu | panggih putrane kang uwa | nyai agêng ing Saba suka ing galih | tulus gènnya akrama ||

19. dadya Kyai Juru Amartani | pan Kaipe mring Ki Pamanahan | nyata yèn iku sanake | gênti ingkang winuwus | amangsuli carita uni | nyai[255] agêng ing Ngêrang | darbe putra jalu | wus akrama apêputra | wastanira anênggih Ki Agêng Pathi | pan sampun apêputra ||

20. lami-lami ki agêng ing Pathi | pêputra jalu pêkik kang warna | Ki Mas Panjawi namane | sampun ingambil sunu | dhatêng kyai agêng ing Ênis | lir putra gèn ayogya | sihira kalangkung | kalawan Ki Pamanahan | Ki Panjawi wus manjing sadulur yêkti | kadya saibu rama ||

21. Kyai Agêng Sêsela winarni | sowan dhatêng Kangjêng Sultan Dêmak | wus katur marang sang rajèng | lamun arsa malêbu | wong prawira tamtama nênggih | mapan wus dadi adad | singa kang malêbu | ingabên lawan andaka | myang maesa Ki Agêng Sêsela nênggih | pêrnah ponakan misan ||

22. lawan Kangjêng Sultan Dêmak singgih | dina Soma sang nata sineba | andhèr punggawa mantrine | ngabyantara supênuh | sultan lênggah dhêdhampar adi | ki agêng ing Sêsela | wus malêbêt kurung | banthèng mulat sigra mangsah | kyai agêng ing Sela panggah nadhahi | tinapuk kang andaka ||

23. sirah pêcah polo kocar-kacir | Ki Agêng Sela mengo sakêdhap |

--- [f. 131r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 77 dari 107

dening ludira muncrate | katingal ing sang prabu | pinariksa utusan angling | punapa pakanira | mengo duk anapuk | ature bok kacipratan | ing ludira mila kawula engoni | wus katur sri nalendra ||

24. sultan ngandika mring Jaka Tingkir | balèkêna Ki Jêbèng Sêsela | iku wong tipis ungape | amengo kênèng marus | yèn nêmua karya niwasi | pan sampun dhinawuhan | lamun tan kalêbu | dadya prawira tamtama | kyai agêng ing Sela wirang kapati | anyurut undurira ||

25. sampun prapta ing Sela tumuli | mêpêk sakathahe kulawarga | emut yèn sami etrahe | karsane sorok amuk | marang Dêmak alêbu gêni | ingampah nora kêna | mring kang sêpuh-sêpuh | tri atus ingkang santana | sampun budhal ki agêng nitih turanggi | ginrêbêg kulawăngsa ||

26. sampun katur ing sri narapati | yèn kang putra Ki Agêng Sêsela | tinampik sakit manahe | sêdyane soroh amuk | angandika sri narapati | kinèn angundhangana | mring wadya sadarum | yèn prapta Ki Agêng Sela | aja ana uwong ingkang anadhahi | lajua mring paglaran ||

27. rêkyana patih kinon atêbih | miwah para dipati sadaya | punggawa adoh ênggone | wong tamtama puniku | lawan Suranata angapit | munggèng ing kèri kanan | rinante sadarum | anèng bangsal ênggènira | lamun prapta Si Sela ayya nulungi | lah padha dèn ujaa ||

28. kangjêng[256] sultan karsa angawaki | sampun miyos sangking dhatulaya |

--- [f. 131v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 78 dari 107

pinarak pagêlarane | wadya tan ana tumut | amung cèthi angampil-ampil | Ki Agêng Sela prapta | katingal yèn suwung | datan ana ingkang mapak | sigra laju ing alun-alun wus prapti | kagyat dènira mulat ||

29. sami ngapit bangsal kanan kèri | kêbêk tiyang sami rêrantenan | tanpa wilangan kathahe | Ki Agêng Sela sampun | sapraptane ngandhap waringin | kurung manggung nèng kuda | sarwi ngêmbat lawung | sang nata amênthang raras | kang sinipat lumêpas ingkang jêmparing | kêna ambêning kuda ||

30. Ki Gêdhe Sela tiba ing siti | sakêlangkung isin wirangira | sang nata asru gujênge | tan linyok ujar ingsun | Jêbèng Sela atine cilik | tan bisa dadi nata | buh kang besuk-besuk | Ki Gêdhe Sela wus lêpas | kang rêrantèn sadaya dipun uculi | wong prawira tamtama ||

31. sampun prapta kang para dipati | miwah Kyai Patih Wanasalam | aglar ing ngarsa sang rajèng | ngandika sang aprabu | ora cidra panyipta mami | si jêbèng ing Sêsela | tipis sungapipun | mung ambêne ingsun panah | têka mundur tur sêmbah para dipati | sadaya sami suka ||[257]

32. kangjêng sultan sêmana ngundhangi | arsa tindak marang Kalijaga | amondhongi ing karsane | dhatêng ingkang pilungguh | kang pinundhi ing Lèpènjagi | samêkta lawan bala | budhal sang aprabu | wêtara tiyang salêksa | kang umiring myang sagung para dipati | busana warna-warna ||

33. anglir ardi kusuma kaèksi | sri nalendra anitih dipăngga | gumêrah wadya syarane | ing marga tan winuwus | ing Carêbon rawuh sang aji | ing dhêkah Kalijaga | cundhuk lan sang wiku | sultan mangaras suku sang | mangusaping[258] ing pada sang maha yêkti | sampun ngaturan lênggah ||

34. alon matur sang sri narapati | panêmbahan yèn suwawi karsa | ulun pondhongi wiyose | angandika sang wiku | tan lênggana karsa nêrpati |

--- [f. 132r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 79 dari 107

nulya arsa sêsugat | angliwêt sang wiku | kêndhil Siyêm kang kinarya | kinèn saos ambêngan para dipati | myang sagung wadyabala ||

35. bêkta solèt mubêng sang ayogi | ngêdhuk liwêt anèng ngarsanira | pra dipati dhewe-dhewe | miwah wadya sêdarum | nora têlas sêkul sakêndhil | tuwuk wong tigang lêksa | maksih sêkulipun | tinarima ingkang sabda | pinaringan kêramat dening Yyang Widi | nyata yèn waiyolah ||

36. sampun mangkat kering sang ayogi | praptèng Dêmak ingaturan papan | singa kang dèn karsakake | amilih Ngadilangu | dhukuh ingkang awon pribadi | ingkang sae tan arsa | milih Ngadilangu | ya ta kocapa sêmana | kangjêng sultan nênêm putranipun nênggih | ingkang sêpuh wanodya ||

37. krama Kyai Agêng Langgar nênggih | putranira Kyai Agêng Sampang | jalu malih panênggake | dene ingkang jêjuluk | Pangran Arya arine malih | èstri endah kang warna | pan akrama sampun | lan Pangeran Kalinyamat | Nimas Ratu Kalinyamat kang wêwangi | ari malih wanodya ||

38. pinaringkên Radèn Jaka Tingkir | tulus krama kalangkung sihira | sang nata dhatêng mantune | jinunjung ingkang lungguh | wus tinanêm ing Pajang nênggih | nama Dipati Pajang | pinaputra danu | èstri malih Ratu Kambang | warujune anama Radèn Mas Alit | jangkêp nênêm kang putra ||

39. wontên ingkang winuwusa malih | ingkang rayi kangjêng sri nalendra | Pangeran Seda ing Lèpèn | kala ing sedanipun | tilar putra jalu apêkik | nama Radèn Panangsang | jinunjung kang lungguh | tinanêm ing nagri Jipang | nama Pangran Arya Panangsang anênggih | wadya suyut sadaya ||

40. wus kaloka wong agung prajurit | pilih tandhing kalamun ayuda | nagari Pajang wiyose | sakidul kilèn Butuh | binabadan sawetan Pêngging | kinarya kuthanira | akathah tut pungkur | wus dadya nagari arja |

--- [f. 132v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 80 dari 107

duk sêmana sampun seda sri bupati | Pajang jumênêng nata ||

41. sinêngkalan adêge nrêpati | lan sedane Kangjêng Sultan Dêmak | tri lunga pănca bumine |[259] putra Dêmak kang jalu | wus tinanêm dipati mukmin | nama Sunan Prawata | putra kang waruju | binêkta maring ing Pajang | wus tinanêm ing nagri Madiyun nênggih | punika cinarita ||

42. kang pusaka sampun dèn bêktani | marang Pajang tan ana kang malang | samya ajrih dikjayane | pinasthi gêti[260] pulung | suyut kabèh para dipati | dene Ki Mas Amănca | pêpatih jêjuluk | Tumênggung Măncanagara | lênggahira salêksa nêmèwu nênggih | Wuragil lan Ki Wila ||

43. pan kinarya bupati jro sami | pan Ki Wila nama Wilamarta | gangsal èwu lêlinggihe | Ki Buyut Banyubiru | apan tulus pinundhi-pundhi | lan Ki Buyut Majasta | samya pinisêpuh | Ki Buyut Butuh punika | putranipun dadya santana nrêpati | jinunjung namanira ||

44. ran Pangeran Wanèngwulan nênggih | sampun dadya karatoning Pajang | arja wingit nêrpatine | kitha kinarya sampun | akêkojor kukuh rêspati | sakèthènge majupat | yèn tinon abagus | pasang rakiting gapura | pinalatar panggunge mungal tulya sri | rakite kutha Pajang ||

45. kunêng ingkang winuwusa malih | putranipun Ki Agêng Sêsela | Ki Agêng Ênis wastane | kalawan putranipun | asuwita sri narapati | apan pinundhut kadang | sarta tunggil guru | ing Susunan Kalijaga | Kyagêng Ênis kinarya pradikan nênggih | ing Kangjêng Sultan Pajang ||

46. sinung dhukuh ing Laweyan singgih | wus anama Ki Agêng Laweyan | sinêpuh-sêpuh ing akèh | kêkalih putranipun | sami jalu ingkang kêkasih | Panjawi Pamanahan | suwita sang prabu | Kyai Panjawi punika | putranira anênggih Ki Agêng Pathi | pinêndhêt alit mila ||

47. kinadang-kadangakên sayêkti | lan kang putra Kyai Pamanahan [Pamanah...]

--- [f. 133r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 81 dari 107

[...an] | atunggil buyut pêrnahe | angsal pangwulanipun | dhatêng kangjêng sri narapati | ingandêlkên ing prana | pinarcayèng kewuh | kinarya lurah tamtama | kalih pisan asisihan Ki Panjawi | lawan Ki Pamanahan ||

48. kalih samya kinanthi ing rêpit | Ki Panjawi lan Ki Pamanahan | wong tamtama lêlurahe | angrèh wong patang atus | pêpilihan pangolah wèsthi | baurêksa sang nata | mangkana winuwus | Ki Pamanahan pêputra | pambajênge Radèn Danang kang wêwangi | pinundhut sri nalendra ||

49. pan kinarya lêlanjaran singgih | kangjêng sultan dèrèng darbe putra | Radèn Danang lanjarane | jêjuluk Radèn Bagus | nama sangking sri narapati | sami basa bêndara | kulawarganipun | sèstu yèn bagus kang warna | solahira jêtmika alus ing budi | asih wong sajro pura ||

50. pinaringan ngangge songsong kuning | langkung sihe kangjêng sri nalendra | kadya gèn ayogya dhewe | pinutra-putra danu | ênêngêna Pajang rumiyin | Pangeran Arya Jipang | agêng manahipun | alumuh seba mring Pajang | Sunan Kudus binêktenan dèn guroni | binondhèt ing pêrkara ||

51. awis mantuk marang ing nagari | Pangeran Arya Panangsang Jipang | sangking susahe galihe | kêkuwu anèng Kudus | dènnya amrih dadya nêrpati | amêngku ing rat Jawa | sangêt aturipun | datan sudi ulun seba | marang Pajang ratu bèbète wong Pêngging | tan sotah angawula ||

52. wani rêbut bedawala[261] pati | têpung pupu atakêr ludira | sapa kang atos kulite | tandhing atosing balung | sintên tiwas nêmahi pati | Sunan Kudus ngandika | ayya gege laku | Ki Jêbèng Pajang dikjaya | nora kêna sira gêgampang ing wèsthi | têmah tiwas ing prana ||

53. balik ana wong ngalapdho iki | ing pangawruh mungguh kaya sira | ki jêbèng apa ukume | Pangeran Jipang matur | ukumipun [ukumi...]

--- [f. 133v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 82 dari 107

[...pun] dipun pêjahi | pundi kang pangandika | sintên wastanipun | Susunan Kudus ngandika | kakangira ing Prawata iku singgih | amaro patakonan ||

54. Pangeran Jipang sigra tur bêkti | inggih gampil lamun makatêna | kakang Prawata ukume | Pangeran Jipang mundur | prapta pasanggrahan alinggih | nimbali kajinêman | awasta pun Rakut | Rakut sira lumakua | lah cidranên kakang Prawata dèn mati | pun Rakut atur sêmbah ||

55. wus lumampah sarta dèn bêktani | dhuwung agêm kinarya marjaya | pun Rakut agya lampahe | prapta ing dalêm sampun | jêng susunan kapanggih linggih | sasèndhèn ingkang garwa | duk prapta pun Rakut | Sunan Prawata ngandika | ana karya apa ingutus si adhi | pun Rakut atur sêmbah ||

56. amba ingutus arinta gusti | lampah ulun kinèn nguntapêna | dhatêng paduka wiyose | susunan ngandika rum | nanging aja ngèmbèt-èmbèti | marang ing garwaningwang | pun Rakut anuduk | jaja ingkang pinarjaya | sawatgata têrus mring kang garwa nuli | asru anjrit karuna ||

57. Sunan Prawata ngandik aris |[262] sira Rakut pêgene acidra | kêna garwaningsun kiye | ingsun anjaluk ukum | pêsthi sira kang ingsun tagih | wurung tămpa ganjaran | pun Rakut lumayu | susunan narik curiga | Kyai Bêthok kang kinarya amalêsi | pan dhuwung babêrkatan ||

58. wus sinawat tungkake kang kêni | kasarèmpèt marang kêmbang kacang | mung babak kulit ayame | pun Rakut nulya lampus | milanipun kongsi ing mangkin | Kiyai Bêthok gowang | kêmbang kacangipun | Jêng Sunan Prawata seda | akalihan kang garwa sarêng ngêmasi | katiga kajinêman ||

59. jroning pura gumêrah kang tangis | para ayu lawan pêpingitan | anungkêmi ing layone | datan antara dangu | ingkang layon dipun sirami | sampune sinalatan | anulya kinubur | anèng

--- [f. 134r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 83 dari 107

nagari ing Dêmak | sinêngkalan rasa sirna yaksa nabi |[263] kang kantun kawlasarsa ||

60. sasedane susunan ing nguni | tilar putra kathahe têtiga | kalih jalu pambajênge | ingkang èstri waruju | wus kawarta dhatêng kang rayi | ratu ing Kalinyamat | sangêt kêjotipun | ratu mas ing Kalinyamat | lang kang raka karsane ambêboyongi | têtilare kang raka ||

61. sampun mangkat tan winarnèng margi | sapraptane ing dalêm Prawata | kêlangkung ngungun galihe | ingkang putra rinangkul | waspa mijil lantaran pipi | kêraos kang têtilar | karsa nulya kondur | kang putra sami binêkta | mring kang bibi lajêng sohan mring sang yogi | prakawis ingkang raka ||

62. sampun prapta ing ngarsa sarimbit | sarwi matur ing kangjêng susunan | prakawis raka sedane | kawula nêdha ukum | Sunan Kudus ngandika aris | patine raka para | karsane Yyang Agung | sira padha narimaa | jênêng ingsun nora bisa angukumi | Pangeran Kalinyamat ||

63. wus kaduga raosing kang galih | Sunan Kudus tan arsa ngukuma | wus kondur lawan garwane | sapraptanirèng ênu | duta Jipang ngadhang ing margi | Pangeran Kalinyamat | pinarjayèng lampus | kang layon sampun pinêtak | ingkang rayi Ratu Kalinyamat nênggih | kagagas jroning driya ||

64. sakêlangkung sakite kang galih | ingkang wau sedane kang raka | kabubuh seda kakunge | pinêgat trêsnanipun | nimas ratu langkung prihatin | sasedane kang raka | galihira nglampus | tan kondur mring Kalinyamat | mati raga tan ana ingkang kaèsthi | kawuri dhahar nendra ||

--- [f. 134v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 84 dari 107

38. Pangkur

1. ratu mas ing Kalinyamat | tilar wisma pratapa anèng wukir | tapa wuda sinjang rambut | nèng Wukir Danaraja | apratignya nora tapih-tapih ingsun | yèn tan ana adiling Yang | ukume sadulur mami ||

2. kapindhone lakiningwang | Arya Jipang margane kang matèni | yèn nora kêlakon lampus | iya Si Arya Jipang | ora tapih kunêng gênti kang winuwus | Pangeran Arya Panangsang | ngulig kajinêmannèki ||

3. kalangkung sangking prawira | agal alit pan sampun dèn kawruhi | samya kinanthi ing kewuh | wong papat titir tatal | asring kinon akarya randhaning satru | kêkês bupati bang wetan | dene wong papat anênggih ||

4. Pangeran Arya Panangsang | angandika marang wong papat aris | padha sun jaluk karyamu | sira lakua dhustha | lah cidranên Sultan Pajang dipun lampus | yèn kalakon karyanira | padha sun gawe bupati ||

5. Setankobêr tamakêna | sarêng nêmbah wong papat nuwun pamit | sampun tinampan kang dhuwung | mêsat sangking ing ngarsa | tan winarna sampun prapta lampahipun | sanjawine kutha Pajang | lajêng malêbêt nagari ||

6. dènnya momor tigang dina | catur dhustha sêmana lêbêtnèki | pan ing wanci têngah dalu | malumpat pagêr bata | sampun prapta anèng sanjroning kêdhatun | maling sêkti măndraguna | amomor kawula kêmit ||

7. sadaya norana wikan | lamun ana maling malêbêt puri | wus angrampit dalêm agung | pasareane sultan | kang satunggal nèng jawi rumêksèng

--- [f. 135r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 85 dari 107

kewuh | têtiga nèng pasarean | wus tumama sirêpnèki ||

8. jinêjêp sang nata nendra | nanging dèrèng kapati dènnya guling | gène momor api turu | punang mangendrajala | lawan cèthi angantos kêpatinipun | nendrane sri naranata | kunêng maling kang winarni ||

9. Ki Panjawi Pamanahan | pan kuwatir samya langlang jro puri | raosing tyas kalihipun | sangêt amêlang-mêlang | kaya ana dhustha têka marasadu | anajak[264] pangendrajala | yêkti maling kang sinêkti ||

10. ana pandung manjing pura | wus malumpat banon mring kênyapuri | Pamanahan alon muwus | adhi dipun prayitna | pratandhane têtêkêk lawan têtuhu | payo jêjêp pasarean | mêtu ngulon-ulon sami ||

11. sampun prapta pêrnahira | kawarnaa maling kang manjing puri | marêpêki sang aprabu | sultan eca anendra | sarêng jangkah miyak samir sarêng maju | katiga sarêng marjaya | panggocone wanti-wanti ||

12. kasangsang ulês kewala | eca sare sang nata dèn suduki | lir lalêr mencok nèng kêmul | ulêse datan pasah | para garwa kagyat prasamya andulu | sang nata pinarêbutan | anarka sampun ngêmasi ||

13. samya anjrit para garwa | kangjêng sultan wungu dènira guling | ingungkaban ulêsipun | gubêd pandung têtiga | rubuh barêng kasingsal kagubêt kêmul | katiga nuntak ludira | gêrêng-gêrêng sambat mati ||

14. pandung kang siji nèng jaba | amiyarsa jro dalêm ting jalêrit | duk mangkat arsa têtulung | tinubruk [tinu...]

--- [f. 135v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 86 dari 107

[...bruk] sangking wuntat | wus cinêkêl mêlocot tan bisa ucul | gupuh malêbêt kalihan | tulung sarta bêkta maling ||

15. sri naranata ngandika | katingalan Pamanahan Panjawi | lah wakane iku pandung | sokur padha ge prapta | takonana ki raka kang maling iku | umatur Ki Pamanahan | ing jawi angsal sanunggil ||

16. katur pandung purwanira | sakêlangkung tarimane kang galih | dinangu ature pandung | lamun caraka Jipang | Singaprana Wanènggati Jagasatru | satunggile Kartijaya | sang nata ngandika aris ||

17. kakang padha wêtokêna | sun apura maling papat puniki | dêrma apa wong ingutus | pan sarwi ginanjar mas | anyatail lawan reyale anyatus | poma aja kawêruhan | marang sagung para mantri ||

18. wus samya binêkta mêdal | mari lumpuh tobat sarya tur bêkti | Setankobêr dhuwungipun | ingaturkên saksana | marang Kyai Pamanahan wêdalipun | minăngka nêbas waluyya | pandung ajrih kaping kalih ||

19. sapraptanira ing jaba | sampun pamit lajêng lampahirèki | ing marga datan winuwus | sampun prapta ing Jipang | atur tiwas matur solah tingkahipun | ngandika Arya Panangsang | iya ingsun ingkang sisip ||

--- [f. 136r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 87 dari 107

20. sun dhewe besuk tumandang | kunêng Jipang Pajang winuwus malih | wuwuh arja jalma agung | murah sandhang lan pangan | pan wong tani kathah eca manahipun | akêdhik wong kang durjana | wong anom samya birai ||

39. Sinom

1. risampunira mangkana | kocapa sri narapati | Sultan Pajang apêputra | sakawan kathahe nênggih | tiga ingkang pawèstri | wuragil jalu abagus | pambajênge anama | Ratu Mas Rêtnaning Puri | Radèn Ayu Kêncanawati panênggak ||

2. pandhadha ingkang anama | Dyan Ayu Sêkaring Puri | anulya kang ari priya | Radèn Bênawa apêkik | milane asêsiwi | alanjaran Radèn Bagus | Radèn Bagus diwasa | pan sampun jinungjung linggih | nama Radèn Ngabèi Saloringpasar ||

3. ya ta ingkang kawarnaa | pangeran ing Jipang malih | wus lami dènnya siyaga | sakapraboning ajurit | mangkat sangking nagari | saha bala praptèng Kudus | sêdya angayonana | marang kang raka sang aji | sakêlangkung dènnya lumuh kaparentah ||

4. seba ngarsane susunan | ing Kudus matur wotsari | putra paduka ing Pajang | punika tuwan [tu...]

--- [f. 136v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 88 dari 107

[...wan] timbali | amrih dhatêng ing ngriki | wontêna sêrat pukulun | sangêt atur kawula | putusana animbali | asêngadi pagunêman ngèlmu rasa ||

5. sru lintang ing aturira | Sunan Kudus anuruti | sigra kang duta umêsat | saha amundhi kang tulis | ing marga tan winarni | nagri ing Pajang winuwus | katur marang sang nata | yèn wontên duta kang prapti | sangking Kudus sarta amundhi nawala ||

6. sang nata amagêlaran | pinarak anèng sitinggil | pêpêk kang para punggawa | miwah kang para dipati | samya konjêm ing siti | sadaya ngrêpa tumungkul | asri kang upacara | banyakdhalang sawunggaling | kêkacumas ajajar ardawalika ||

7. angapit ing kèri kanan | munggèng singangsana manik | ujyalanya sri nalendra | lir surya kang lagya mijil | kucêm sakèhing nangkil | kasênênan ing sang prabu | ingayap kang biyada | prasamya angampil-ampil | waos ligan pangapit lawan bêdhama ||

8. Kya Patih Măncanagara | cumundhuk ngarsa nrêpati | ngaturakên duta prapta |

--- [f. 137r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 89 dari 107

kalayan amundhi tulis | kaatur ing sang aji | yèn duta sangking ing Kudus | nawala wus tinampan | sinukma sanjroning galih | nulya jêngkar sri naranata ngêdhatyan ||

9. pinarak ing dalêm pura | animbali kyana patih | Ki Wuragil Wilamarta | Ki Pamanahan Pênjawi | putusan gandhèk mijil | tinundha-tundha ping têlu | kalima tinimbalan | wus munggèng ngarsa nrêpati | sri nalendra alon dènira ngandika ||

10. patih sira kang prayoga | surasane layang iki | kapriye mungguhing sira | rèhning ingsun dèn timbali | marang kang maha yêkti | ingkang pinundhi ing Kudus | bangêt onêng maringwang | angarsa-arsa wus lami | sigra Kyai Pamanahan aturira ||

11. pukulun sri naranata | punika anyalawadi | mênggah wêtawis kawula | botên sakeca ing ati | raose ingkang tulis | tunggilipun pandung dalu | tan kenging linambanan | sanadyan tindak sang aji | sampun tungkul busana kapraboning prang ||

12. garjita sri naranata | ngandika marang ki patih | ana bênêre ki raka | kaya

--- [f. 137v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 90 dari 107

praye[265] sira patih | umatur awotsari | inggih alêrês pukulun | kados yèn makatêna | pandamêl anyalawadi | botên liyan sangking pun Arya Panangsang ||

13. kangjêng sultan angandika | paran ki raka Pênjawi | punapi rêmbag andika | myang Wilamarta Wuragil | sigra Kyai Panjawi | Wuragil Wila umatur | pukulun sri nalendra | kawula andhèrèk ugi | ing ature kyai raka Pamanahan ||

14. ngandika sri naranata | yèn lumakua sun iki | kalawan kapraboningwang | sayêkti ngowah-owahi | dadi ngagèt-agèti | atuduh yèn ingsun ratu | matur Ki Pamanahan | kang lampah dadosa kalih | jêng paduka rumiyan lêlancarana ||

15. ambêkta uwos kewala | sampun mawi bêkta mênir | abdi dalêm jro punika | pinêthatan kang prayogi | sampun angrêrubêdi | mung akuda kawan èwu | alampah gêlacutan | tinimbalan guru nênggih | kados botên tindak dalêm kagraitan ||

16. dene pun rêkyana

--- [f. 138r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 91 dari 107

patya | nindhihana pra dipati | sawadyane sowang-sowang | lan kagungan dalêm èsthi | asarênga pun patih | kaprabon tindaking ratu | sang nata rêna ing tyas | amiyarsa aturnèki | angandika inggih kakang wus prayoga ||

17. kyana patih sampun mêdal | ngundhangi para dipati | sang nata ngrasuk busana | sakapraboning ajurit | wadyabala miranti | kang pinêthat kawan èwu | dadya têtindhihira | Ki Pamanahan Pênjawi | sira Radèn Angabèi Loringpasar ||

18. tan têbih lawan sang nata | usap tangan kang dèn ampil | dyan budal sri naranata | duta ing Kudus umiring | sultan anitih wajik | bala kuda kawan èwu | ing marga tan winarna | wus rawuh Kudus sang aji | duta kinèn lumêbêt atur uninga ||

19. akèndêl sri naranata | anèng ing pasowan jawi | rakiting lênggah tinata | asadu prayitnèng batin |

--- [f. 138v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 92 dari 107

Pamanahan Panjawi | munggèng kanan kèri prabu | sakèh para niyaka | pêpêk sadaya miranti | apan sarwi angangge dhuwung curigan ||

20. wadya[266] prawira tamtama [tamta...]

--- [f. 139r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 93 dari 107

[...]

--- [f. 139v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 94 dari 107

[...]

sah Partawijaya cacog[267] babone

--- [f. 140r][268] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 95 dari 107

[...ma] | atampi wuri narpati | miwah Radèn Mas Bênawa | tan têbih ing rama aji | pawohan ingkang dèn ampil |[269] usap tangan Radèn Bagus | Ki Panjawi kang putra | pêdhang suduk kang ingampil | Ki Wuragil kalawan Ki Wilamarta ||

21. angampil dhuwung carigan[270] | ing kanan kèri narpati | duta ing Kudus wus prapta | ngarsane sang maha yakti | pinarak anèng wuri | kangjêng susunan ing Kudus | lawan Arya Panangsang | sang duta umatur aris | putra tuwan sang natèng Pajang wus prapta ||

22. kèndêl anèng ing pasowan | datan bêkta wadya alit | kalangkung gupuhing lampah | upacara botên mawi | kapraboning nêrpati | tinilar sadayanipun | mèngsêm Pangeran Jipang | tur sêmbah anulya mijil | mapan sarwi siningsêti paningsêtira |[271]|

23. ciptaning sajroning manah | mêngko ingsun suduk mati | wakane natèng ing Pajang | lawan dhuwunge pribadi | sapraptanirèng jawi | lênggah sêsalaman sampun | kakang aji katuran | sapraptane wontên ngriki | Sultan Pajang ngandika yayi anêdha ||

24. paduka wangking punika | kakang dhuwung ingkang pundi | kawula arsa uninga | kangjêng sultan têka gampil | sinungakên sang aji | kang satunggal mêksih kantun | tinampan mring Pangeran | Panangsang lajêng tinarik | kakang prabu punapa mandi punika ||

25. Ki Panjawi Pamanahan | samya nyikut dhuwungnèki | amèpèt sangking sang nata | wantise sigra dèn jiwit | sultan anarik aglis | cêcothene Ki Carubuk | sarwi alon ngandika [ngandi...]

--- [f. 140v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 96 dari 107

[...ka] | adhi tan kadi puniki | pun Carubuk apuhe[272] kagila-gila ||

26. Ki Panjawi Pamanahan | anarik curigan aglis | botên kadya dhuwung kula | mandine anglêliwati | nulya Radèn Ngabèi | Loringpasar narik dhuwung | botên kadi punika | ampuhe kapati-pati | dhuwung kula pilih jalma kang kuwawa ||

27. sigra Radèn Mas Bênawa | ingkang curiga tinarik | tan kadi dhuwung kawula | ampuhe anglêliwati | sampun tate puniki | akarya randhane satru | Ki Panjawi kang putra | sigra anarik kang kêris | dhuwung kula mandine kagila-gila ||

28. kantun gêcose kewala | Kang Sinuwun Kudus mijil | lah ta iki kadar apa | wong agung padha bêlantik | jêbèng sarungna aglis | tiningalan iku saru | sinarungakên sigra | pangeran ing Jipang angling | mèh saêmèh gèn isung akarya răndha ||

29. Sultan Pajang angandika | dening ta kurang sadhidhik | sun awèh pakaning dhandhang | ya ta Rahadèn Ngabèi | Loringpasar anênggih | ana ujar salah dudu | wiwit dènnya graita | dangu pinadêng[273] kang liring | sasolahe Arya Jipang tiningalan ||

30. ciptane sajroning manah | kagila-gila wong iki | kaya lêlananging jagat | arêp ngayoni kiyai | aku dhewe ngêmbari | yèn ingajanana ingsun | sang wiku angandika | ki jêbèng padha dèn aris | ayya ana micara kang ora-ora ||

31. balik payo pagunêman | ing ngèlmu rasa sajati | mupung padha apêpêkan | saksana saosan mijil | kinèn dhahar tumuli | nèng ngarsane Sunan Kudus | sadaya ingamêngan | carikan linarod sami | wus binagi maring wadya sowang-sowang ||

32. watara tigang pamucang | lèngsèr amakuwon sami | ing antara kalih

--- [f. 141r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 97 dari 107

dina | praptanira Kyai Patih | Măncanagara nênggih | lawan punggawa gung-agung | para mantri satriya | gêgaman lir gunung gêni | tigang lêksa wadya kang sikêp warastra ||

33. kajawi para dipatya | măncanagara pasisir | gumêrah suwarani[274] bala |[275] anênggih sri narapati | samona karsa ngalih | budhal sangking nagri Kudus | rawuh bumi ing Dêmak | masanggrahan sri bupati | wontên dhusun awasta ing Pajimatan ||

34. wongira Ki Pamanahan | santona Sêsela prapti | wus awor lan bala Pajang | samya sikêp ing ajurit | mangkona sri bupati | karsa tindak dhatêng gunung | asowan ingkang raka | ratu mas kang anèng wukir | mangun tapa anèng Ardi Donaraja ||

35. wus budhal sri naranata | sêntona samya angiring | Ki Panjawi Pamanahan | punika tan kêna têbih | ing marga tan winarni | sampun rawuh sang aprabu | ing Wukir Donaraja | pinarêk jawining samir | ingkang raka ratu mas nulya ngandika ||

36. bage yayi rawuh para | karsa pinarak ing wukir | baya ana ingkang karsa | kangjêng sultan matur aris | kula prapta ing ngriki | kakangbok ratu |[276] wontên atur kawula | paduka sinjang rumiyin | Nimas Ratu Kalinyamat angandika ||

37. yayi sun tan arsa sinjang | yèn durung ana nyanggupi | patine Si Arya Jipang | tumêka kiyamat benjing | ingsun tan arsa tapih | kang rayi sultan umatur [u...]

--- [f. 141v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 98 dari 107

[...matur] | paduka asinjanga | kawula ingkang nyanggupi | lan kondura kakangbok mring Kalinyamat ||

38. ratu mas ing Kalinyamat | ngandika dhatêng kang rayi | pageneya yayi sira | isun para akon tapih | iya ingsun atapih | nanging apratiknya ingsun | yèn uga kalêksanan | yayi prabu kang nanggupi | wus pinarêk ingkang rayi pinanggihan ||

39. ratu mas ing Kalinyamat | ngandika dhatêng kang rayi | ingsun sira prih muliha | kakangira salah siji | yèn nora Ki Panjawi | Ki Pamanahan puniku | angatêrna maringwang | ngandika sri narapati | lah ki raka dika kang tuwa karia ||

40. nulya kondur sri nalendra | datan kawarna ing margi | wus rawuh ing pasanggrahan | kocapa kang anèng wukir | nulya kondur tumuli | ing Kalinyamat wus rawuh | nimas ratu ngandika | Pamanahan kang tinari | jroning galih kasmaran ubayanira ||

40. Asmaradana

1. yayi sira isun tari | amrih nuli kalakona | ingkang ubaya sang katong | bokmênawa dèn lêlawas | marang yayi nalindra | kayaparan polah isun | dening manira wus sinjang ||

2. Ki Pamanahan wotsari | yèn mangkotên ingkang karsa | paduka amrih egale | pêjahipun Arya Jipang | inggih gampil kewala | nanging wontên saratipun | watêke rayi paduka ||

3. ing kalih dintên puniki | arinta ingaturana | paduka masang wong wadon | kang kênya warnane endah | anglangkungi wong kathah [ka...]

--- [f. 142r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 99 dari 107

[...thah] | wontêna ngèmpèr gènipun | sakêdhap nutên[277] ngicala ||

4. yèn punika aningali | wanodya warnane endah | rayi paduka sang katong | watêke sami sakêdhap | saguh bobote mêdal | sanajan gêmpura gunung | angêsatêna samodra ||

5. sayaktinipun lampahi | tangkêpa sakêthi ngarsa | sayuta kanan kèrine | egal nutên kalampahan | dening rayi paduka | nistha ngawaki prang pupuh | mêsah[278] lawan Arya Jipang ||

6. dening ta nuntên dhawahi | mring punggawa kang prayoga | lumampah lan ganjarane | nimas ratu langkung rêna | alon dènnya ngandika | iya yayi duwe ingsun | wanodya kênya tur endah ||

7. bênêr pratikêlmu yayi | ênyoh sira ingsun ganjar | rupa mirah siji kiye | arane Si Manjanganbang | ya iki babêrkatan | Ki Pamanahan wotsantun | kalangkung panuwunira ||

8. nuli aturana aglis | sang nata mring Kalinyamad | Ki Pamanahan gya lèngsèr | sapraptane pasanggrahan | tumama ing ngajêngan | umatur pitungkasipun | Nimas Ratu Kalinyamat ||

9. sultan angandika aris | ki raka ing benjang enjang | dhasar kula niyatake | bali maring Kalinyamat | ing dalu tan winarna | enjing budhal sang aprabu | sangking dhusun Pajimatan ||

10. nêngêna sri narapati | ingkang maksih anèng marga | Ratu Mas Kalinyamate | sampun amasang wanodya | tuhu endah kang warna | anèng ngèmpèr êgènipun[279] | kinèn apasang graita ||

11. tênaga amêsajani | yèn rawuh sri naranata [nara...]

--- [f. 142v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 100 dari 107

[...nata] | anuli mireya age | kang sarta nolih-noliha | wingkisên lathinira | aja rindhik aja gupuh | lan putungên alisira ||

12. sigra rawuh sri bupati | gumêrbêg kang upacara | duk tumingal sang katong |[280] wontên èstri ayu endah | pêrnahe nèng panirat | sang nata mandêng andulu | pawèstri anulya kesah ||

13. lampahe mandhêg anolih | nanging nora pati kêbat | pinutung-putung alise | kangjêng sultan anon paran | kacaryan jro wardaya | kang raka ratu mas mêthuk | wus tata samya pinarak ||

14. sri nalendra matur aris | kakangbok kula tumingal | wontên wanodya yu kaot | kumalebat nèng panirat | punapa maksih lêgan | langkung sae warnanipun | ingkang raka angandika ||

15. têtilare kang suwargi | iku yayi pêpingitan | nanging dhingin maksih rare | ing mêngko lagi diwasa | tinilar raka para | kangjêng sultan alon matur | punika kawula têdha ||

16. ratu mas ngandika aris | manira yayi sumăngga | najan babêrkatan kabèh | ing Parwata Kalinyamat | apan kagunganira | mung yayi pratiknyaningsun | patine Si Arya Jipang ||

17. nuli lakonana yayi | sri nalendra aturira | sampun sumêlang galihe | wuwuha satus prawira | kang kados pun Panangsang | yèn kawula sampun sanggup | kangbok inggih-inggih uga ||

18. ratu mas ngandika aris | yayi Pamanahan sira | anging sun karya sêksine [sêksi...]

--- [f. 143r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 101 dari 107

[...ne] | ing sanggupe arinira | yayi prabu ing Pajang | tuli[281] kalakona iku | mèngsêm matur Pamanahan ||

19. inggih saangsale ngalit | măngsa datan kasêksenan | mênawi botên kasupèn | rayi dalêm sri nalendra | sami gumujêng suka | salamine nimas ratu | sasedane ingkang raka ||

20. dèrèng gumujêng mung mangkin | karaos ingkang wardaya | titikane nora sisip |[282] sakêcap tan kaliwatan | yayi prabu ing Pajang | nuli mijil atêpipun[283] | sarêng tumingal wanodya ||

21. sang nata sampun atampi | wanodya kalih punika | rinumiyinkên lampahe | kalih sami nitih jolang | wus prapta pasanggrahan | sang aprabu nulya kondur | sampun rawuh pasanggrahan ||

22. nimbali rêkyana patih | Ki Panjawi Pamanahan | katiga mugèng ngarsane | sri nalendra angandika | patih ingsun akarsa | angawakana prang pupuh | kalawan Si Arya Jipang ||

23. apa kang ginawe wit |[284] apa rinabuta[285] kasap | iku wong sukrê[286] atine | amatèni tanpa dosa | lawan niyate ala | maring panjênênganingsun | nora dosa pinandungan ||

24. kaliwat ewuh kang ati | si adhi Arya Panangsang | Sunan Kudus langkung sihe | rêkyana patih tur sêmbah | mênggah kang panjênêngan | yèn paduka prang apupuh | kêlawan pun Arya Jipang ||

25. yèn mêksih kawula gusti | saèstu kalangkung nistha | aprang dede têtimbange | yèn ta sami-sami nata | kula dhatêng sandika [sa...]

--- [f. 143v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 102 dari 107

[...ndika] | ingabêna takêr marus | kalih pun Arya Panangsang ||

26. angrok bedalawa[287] pati | angabêna ing karosan | sintên kang atos kulite | langkung suka kawula |[288] sintên ingkang tiwasa | angandika sang aprabu | mring Ki Gêdhe Pamanahan ||

27. priye ature si patih | Ki Pamanahan turira | pukulun lêrês ature | nanging yèn mênggah kawula | sanajan pun apatya | inggih maksih dèrèng patut | amusuh pun Arya Jipang ||

28. ing jênêngipun pêpatih | pinăngka êmbanan nata | prasasat ugi sang katong | abdi dalêm maksih kathah | punggawa myang satriya | dipati para tumênggung | kang sami lênggah nêgara ||

29. karênan sajroning galih | kangjêng sultan angandika | undhangêna sarupane | bupati para satriya | sapa ngêntasi karya | agêdhe ganjaran ingsun | ing Pathi lawan Mêntaram ||

30. nanging patih dèn adhêmit | kumpula pakuwonira | kang para dipati kabèh | kyana patih atur sêmbah | Panjawi Pamanahan | wus lèngsèr sangking ing ngayun | praptane pakuwonira ||

31. ngundhangi para dipati | punggawa kalawan arya | sampun kumpul pakuwone | jêjêl mantri lan satriya | sadaya dhinawuhan | timbalane sang aprabu | kang matèni Arya Jipang ||

32. ginajar[289] dening sang aji | ing Pathi lawan Mêntaram | lah ta kănca sakathahe | pinikira kang prayoga | kang arêp wuwuh lênggah | tandangana ing prang pupuh | patine Pangeran Jipang ||

33. saguna-gunane sami | ing lêmbut kalawan kasap | cok [co...]

--- [f. 144r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 103 dari 107

[...k] uga matia bae | sagunge para dipatya | samya atur têtêkan | binabot prawiranipun | Pangeran Arya Panangsang ||

34. mila tan wontên kadugi | samya atadhah dêduka | sumăngga pêjah gêsange | kyana patih langkung kewran | sigra marêk sang nata | tinimbalan maring ngayun | dinangu ingkang pawarta ||

35. umatur rêkyana patih | pukulun sri naranata | abdi dalêm sakathahe | dipati lawan punggawa | ngaturkên pêjah gêsang | datan wontên ingkang purun | mêsah rayi dalêm Jipang ||

36. kêkês ingkang para mantri | sadaya atur têtêkan | sang nata èmêng galihe | kyana patih nulya mêdal | nênggih kang kawarnaa | wong tamtama lurahipun | Ki Panjawi Pamanahan ||

37. ing pondhokira alinggih | wong roro samya rêrasan | katiga lawan ipene | ipene Ki Pamanahan | Ki Juru namanira | ipe naking-sanakipun | putrane Nyi Agêng Saba ||

38. Ki Pamanahan Panjawi | warta Ki Juru sêmona | sayêmbarane sang katong | kang matèni Arya Jipang | mantri miwah punggawa | agêdhe ganjaranipun | ing Pathi lawan Mêntaram ||

39. sagunge para dipati | sira ngaturna têtêkan | sang nata langkung èmênge | nora wurung kalampahan | sang nata ngawakana | pramila sampun katungkul | mênawa wontên kang karsa ||

40. nora wurung sun wêtawis | sang nata ngawaki yuda | dening wus dadi sanggupe | mring kang raka Kalinyamat | malah saksine ingwang | Ki Juru ika angrungu | prakara [praka...]

--- [f. 144v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 104 dari 107

[...ra] ingkang rinêmbag ||

41. Ki Juru lingira aris | yayi mungguh kaya sira | èstu mangkono karsane | kaya ngapa babotira | sira kinadang-kadang | ingadêlakên[290] pakewuh | agêdhe sihe sang nata ||

42. bok jajal sira sanggupi | wong roro lan arinira | Ki Arya Jipang patine | paran dening ta sang nata | ngawakana ayuda | iya para kang ingêdu | jêr para andêling yuda ||

43. kang kinanthi sri bupati | tinêmpuhakên ing prana | angur sira pranga dhewe | yèn utung[291] olih ganjaran | ing Pathi lan Mêntaram | Ki Pamanahan gumuyu | ki raka kang kaya ingwang ||

44. cumanthaka anyanggupi | bobote Ki Arya Jipang | pra dipati sakathahe | kang padha duwe nêgara | kêkês mring Arya Jipang | ingkang kaya awak isun | kadar pira wong Sêsela ||

45. kêrigên lan kaki-kaki | nora liwat mêtu dhomas | Ki Arya Jipang bobote | digjaya sugih prawira | pilih tandhing ing rana | gangsingane patang èwu | tur padha andêling yuda ||

46. sêlirane para mantri | abirawa ing ayuda | rongatus pêpilihane | apa margane mênanga | wongira ing Sêsela | wong dhomas tur kusut-kusut | Ki Juru alon lingira ||

47. iya mêngko sira iki | kang para dipati ika | durung katêmu nalare | ajrih maring Arya Jipang | anggugoni pawarta | durung bênêr pikiringpun[292] | kêkêncêngên tanpa nalar ||

48. aprakara wong ajurit | nora kêna binêdhagal | sayêkti lawan nalare [na...]

--- [f. 145r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 105 dari 107

[...lare] | anging tungkuling ayuda | lumaku sarta nalar | pae ta jaman rumuhun | aprang ngadu kasêntikan ||

49. Ki Arya Jipang ta yayi | gampang tinikêl ing yuda | ika wong buyan kawanèn | nora kêna ngrungu tangtang | samăngsa dèn tatanga[293] | nora nganggo nganti batur | adade Arya Panangsang ||

50. yèn wus panggih padha siji | apane kinajrihana | sira karubuta loro | apa yayi kang tinaha | mapan padha kawula | dudu Menak Jayèngsatru | prajurit tanpa tandhingan ||

51. Ki Pamanahan Panjawi | mirsa sabdane kang raka | samya lêga tyas karone | mêdal suraning wardaya | sarêng dènira ngucap | sampun rêmbag pikiripun | wong roro anut ing karsa ||

52. manira darma lumaris | pakanira batohana[294] | amrih lampah prayogane | Kyai Juru aris mojar | lah yayi dipun egal | matura maring sang prabu | prakara ing lakunira ||

53. ingsun ingkang bêbotohi | aprakara wong ayuda | luwih-luwih babotohe | asor uguling ayuda | yèn botoh utama |[295] pasthi ugul yudanipun | iku yayi dèn prayitna ||

54. duk pêrang Bratayudèki | Pandhawa musuh Kurawa | kari bêcik babotohe | bala kêdhik musuh lêksan | Pêndhawa ingkang mênang | iku yayi tandhanipun | bêbotoh Bêthara Krêsna ||

55. kala pêrang Majapait | mêmusuhan lan Bintara | kuwalahên ing yudane | Majapait têmah bêdhah | botohe Sunan Bonang | sami lêga manahipun | Ki Panjawi Pamanahan ||

--- [f. 145v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 106 dari 107

56. nulya panggih kyana patih | Ki Panjawi Pamanahan | aprakara ing lampahe | karsane sri naranata | supaya dèn aturna | inggih kawula asanggup | pêjahipun Arya Jipang ||

57. kalangkung suka ki patih | miyarsa ing aturira | kang wus dadi saguhane | prakara Arya Panangsang | dawêg kakang kalihan | sowan dhatêng sang aprabu | kawula kang ngaturêna ||

58. kalangkung dening prayogi | pun kakang adarbe karsa | dhatêng lêrês sakalihe | sayêktose wong ngawula | ingkang duwe pangrasa | lamun dèn ingoni ngratu | dening kalah lawan mênang ||

59. kang duwe jaya nêrpati | sampun ina wong ngawula | elinga mring talitine | dening kang para dipatya | datan duwe pangrasa | ingsun arani puniku | mapan padha êndhas kisa ||

60. isi balur năngka pitik | isi bêton yèn pinangan | dadi êntud wêkasane | eman liyangan kêndhaga | dawêg kakang kalihan | marêk ngarsa sang prabu |[296] wus lumampah wong têtiga ||

61. prapta ing ngarsa nêrpati | katiga jajar alênggah | rêkyana patih ature | abdi dalêm tur uninga | yèn pun kakang kalihan | punika ingkang asanggup | pêjahi pun Arya Jipang ||

62. atandhinga ing ajurit | anglampahi ingkang karsa | sang nata lêga galihe | sokur bage yèn ki raka | ingkang anyaguhana | tămpaa ganjaran ingsun | ing Pathi lawan Mêntaram ||

63. sang nata ngandika malih | yèn ugi kalampahana | atămpaa ganjarane | pun Pathi lawan Mêntaram | manira pan sumăngga |

--- [f. 146r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040): Citra 107 dari 107

wus dadi ubayanisun | sirnane si yayi Jipang ||

64. sampun sami nuwun pamit | sang nata aris ngandika | manira angèstokake | salamêta ingkang lampah | kakang dipun prayitna | kalihan matur anuwun | lèngsèr sangking ing ngajêngan ||

65. Pamanahan lan Panjawi | sapraptane ing pondhokan | ngundhangi kulawangsane | miwah kang para dipatya | sami suka gêgaman | pêdhang tamsir lawan suduk | waos kalawan sênjata ||

66. Kyai Juru dèn wartani | timbalane sri nalendra | lan para dipati kabèh | sami marigêl gêgaman | Ki Juru langkung suka | kulawangsane sadarum | ing Sêsela sampun prapta ||

67. pitung atus winatawis | kathahe kang kulawarga | Nyai Gêng Pakis putrane | têtiga ingkang kinarya | têtindhihing sêntona | mapan sami têguh-têguh | tate ngundurakên mêsah ||

 


Ratih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.3.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.3.1). (kembali)
karoron. Bandingkan: akaroron (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.24.2); akarongron (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.24.1). (kembali)
Bandingkan: wus alami Sang Rêtna Nawangsih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.25.1). (kembali)
kaloron. (kembali)
Dipati (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 25.30.4). (kembali)
masigit. Bandingkan: masjid (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 25.31.9). (kembali)
Majapait. (kembali)
Terdapat dobel sandangan: ramening atau ramene. (kembali)
isuk. (kembali)
10 tinggal (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
11 kinumpulkên (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
12 punang. (kembali)
13 Tanggal: kunjara lawang têtêlu (S [1]398). Tahun Masehi: 1476–7. Sangkala ini mengacu pada pembangunan masjid Demak. (kembali)
14 oyog-ingoyog (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 26.4.6; Wali Sana, Tanaya, Pupuh 39.2.6). (kembali)
15 gathuk (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 26.8.5;Wali Sana, Tanaya, Pupuh 39.6.5). (kembali)
16 lorodaning (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
17 langsarane. Bandingkan: lêlangsarane (Wali Sana, Tanaya, Pupuh 139.11.7); lungsurane (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 26.13.7). (kembali)
18 mangkat (dan di tempat lain). (kembali)
19 sintên (dan di tempat lain) (Wali Sana, Tanaya, Pupuh 39.36.1). (kembali)
20 akêkintun (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
21 anumpak (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
22 ingungkaban (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
23 pêthi. (kembali)
24 yogi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
25 Palembang. Bandingkan: Plembang (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 26.25.4). (kembali)
26 Sumênêp (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 26.28.1). (kembali)
27 ambêktani (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 26.28.5). (kembali)
28 angantupi. (kembali)
29 kobêr (dan di tempat lain). (kembali)
30 anumbuk-numbuk. (kembali)
31 ginonjing. (kembali)
32 Terdapat dobel sandangan: krêtining atau krêtine. (kembali)
33 Tanggal: sirna ilang krêtaning bumi (S 1400). Tahun Masehi: 1478–9. Sangkala ini mengacu pada runtuhnya Majapahit. (kembali)
34 ngadêgakên. (kembali)
35 nungkul (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 27.2.6) (kembali)
36 anggitika (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 27.4.3; Wali Sana, Tanaya, Pupuh 42.1.3). (kembali)
37 kongsi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 27.9.4; Wali Sana, Tanaya, Pupuh 42.6.4). (kembali)
38 lêga. (kembali)
39 anggolong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
40 angusapi. (kembali)
41 tuntun-tinuntun (Wali Sana, Tanaya, Pupuh 42.15.6). Bandingkan: turun-tumurun (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 27.25.6). (kembali)
42 Lebih satu suku kata: wong urip pakewoh. Bandingkan: wong iku pakewoh (Wali Sana, Tanaya, Pupuh 42.16.2); mati urip ewoh (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 27.26.2). (kembali)
43 para (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 28.2.2). (kembali)
44 Bonang. (kembali)
45 Tingkir (dan di tempat lain). (kembali)
46 Kurang satu suku kata: lir atunggil yayah bibi. (kembali)
47 tinimbalan (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 30.3.7). (kembali)
48 Bandingkan: asarênga (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 30.3.9). (kembali)
49 lumampah (dan di tempat lain). (kembali)
50 nganggo (dan di tempat lain). (kembali)
51 mogok (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: mopo (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 22.11.4). (kembali)
52 Terdapat dobel sandangan: putuning atau putune. (kembali)
53 Lebih satu suku kata: lamun mogok tinibalan sri nalendra. Bandingkan: yèn amogok tinimbalan mring sang nata (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 22.16.9) (kembali)
54 Lebih satu suku kata. Bandingkan: dèrènge wontên badan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 30.13.7). (kembali)
55 tekadira (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 30.15.3; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 22.19.3). (kembali)
56 Pêngging (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 30.16.2; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 22.20.2). (kembali)
57 sêpuh (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 30.16.6; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 22.20.6). (kembali)
58 sarêng (dan di tempat lain) (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 22.20.7). (kembali)
59 Tanggal: Rêbo Lêgi walu (8) Jumadilakir Êdal (Dal). Tanggal ini mengacu pada kelahiran Mas Karebet, tetapi tiada tahun. Kelahiran Mas Karèbèt (yang kemudian dikenal sebagai Jaka Tingkir) dibahas oleh Hazeu (1915), yang memperkirakan tahun kelahirannya sekitar 1541, atau setidaknya berada dalam rentang antara tahun 1500 hingga 1549 (Kawruh Asalipun Ringgit, hlm. 181–2). (kembali)
60 nyêlorot. Bandingkan: ayêrot (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 22.22.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 30.18.2). (kembali)
61 pinanjangêna (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 22.23.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 30.19.7). (kembali)
62 timbalanipun (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 22.29.6). (kembali)
63 Lebih satu suku kata: tinimbalan sri nalendra. Bandingkan: timbalane sri nalendra (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 23.4.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 31.4.2). (kembali)
64 panjange. Bandingkan: lamine (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 23.6.1); lawase (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 31.6.1). (kembali)
65 mênggah (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 31.9.2; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 23.11.2). (kembali)
66 pintên (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 31.14.2; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 23.16.2). (kembali)
67 momot (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 23.21.3). (kembali)
68 tigang (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 23.27.6). (kembali)
69 Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
70 mantuk. Bandingkan: mulih (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 31.27.1; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 23.30.1). (kembali)
71 Kurang satu suku kata. Bandingkan: wong desa aja na wikan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 31.28.7); mrih kiwa aywana wikan (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 23.31.7). (kembali)
72 bêndhe. (kembali)
73 Kurang satu suku kata. Bandingkan: pan kadi macan angombang (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 31.30.2); pan kadya macan angonbang [angombang] (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 23.33.2). (kembali)
74 Kurang satu suku kata. Bandingkan: dene nora ana macan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 31.33.2; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 23.36.2). (kembali)
75 Kurang satu suku kata. Bandingkan: têka ana suwarane (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 23.36.3); sira miyarsa swarane (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 31.33.3). (kembali)
76 anginum. (kembali)
77 Kurang satu suku kata: rare angon akathah. (kembali)
78 ginendhong. (kembali)
79 dalêjêg. (kembali)
80 gendhongan. (kembali)
81 cawêtan. (kembali)
82 Kurang satu suku kata: tumingal rare akathah. (kembali)
83 sun. (kembali)
84 Kurang satu suku kata: kang sinuhun angandika. (kembali)
85 Kurang satu suku kata: kiyai agêng ing Pêngging. (kembali)
86 Kurang satu suku kata: Kiyai Agêng Kênonga. (kembali)
87 tunggale. (kembali)
88 Lebih satu suku kata: sadhèrèk tunggal gurune. (kembali)
89 batur. (kembali)
90 Lebih satu suku kata: asaru ngong gawa rowang. (kembali)
91 Kurang satu suku kata: agêsang jrone patine. Bandingkan: gêsang jroning mati mangko (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.3.3); urip sajroning patine (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.3.3). (kembali)
92 Kurang satu suku kata. Bandingkan: Kyagêng Pêngging aris nauri (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.3.5); Kyai Agêng alon nauri (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.3.5). (kembali)
93 Kurang dua suku kata: lah iya ingsa Alah. Bandingkan: insa Allah yèn bisa (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.3.6); Insa Allah yèn aja (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.3.6). (kembali)
94 Biasanya guru lagu i: sirèki (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.4.5; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.4.5). (kembali)
95 Biasanya guru lagu e: labête (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.5.3). Bandingkan: lêpate (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.5.3). (kembali)
96 êndi. Bandingkan: ngêndi (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.5.4). (kembali)
97 Lebih satu suku kata. Bandingkan: aja ngèmbèt ing ngakathah (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.5.8); aywa ngèmbèti ing kathah (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.5.8). (kembali)
98 Lebih satu suku kata: ki agêng narik napas. Bandingkan: ki agêng mêgêng napas (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.6.6). (kembali)
99 Kurang satu suku kata. Bandingkan: iya ngalekum salam (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.6.10). (kembali)
100 lanang (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.9.10). (kembali)
101 Kurang satu suku kata. Bandingkan: swaranira lir macan angombang (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.11.2); swaranira lir sima angombang (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.11.2). (kembali)
102 Kurang satu suku kata. Bandingkan: aywa tanggung tumpêsên sadaya (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.12.2); aja tanggung ingsun belakêna (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.12.2). (kembali)
103 Kurang satu suku kata: ilokêna ing gustine. Bandingkan: ilokêna gustiningong (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.12.3); ilokna gustèngsun age (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.12.3). (kembali)
104 Lebih satu suku kata: kawulawêrga sru dènnya angling. Bandingkan: kulawăngsa king Pêngging samyanjrit (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.13.1); kulawăngsa prasamya sru angling (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.13.1). (kembali)
105 Kurang tiga suku kata. Bandingkan: hèh wong cidra sakêthi wuwuha (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.13.2; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.13.2). (kembali)
106 antènana. (kembali)
107 jăngga (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.13.6). (kembali)
108 otot (dan di tempat lain) (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.13.9). (kembali)
109 Kurang satu suku kata. Bandingkan: ambêbujung prasami nututi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.15.1; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.15.1). (kembali)
110 mangetan. (kembali)
111 Kurang satu suku kata. Bandingkan: mungsuhira angetan sami (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.15.5); maring mungsuh anganan ngering (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.15.5). (kembali)
112 têpa-têpa (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.16.4). (kembali)
113 Bandingkan: duwe sanak lan duwe gusti (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.16.5; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.16.5). (kembali)
114 Kurang satu suku kata: anulya dèn awe maring êcis. Bandingkan: dèn nawèkkên têtêkênirèki (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.17.1). (kembali)
115 Kurang satu suku kata: Susunan Kudus katingal. Bandingkan: mungsuhe ika katingal (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.17.8; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.17.8). (kembali)
116 abra (dan di tempat lain) (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.17.10). (kembali)
117 Kurang satu suku kata: ênêngêna ing Pêngging wuwusên malih. Bandingkan: kunêng Dêmak ing Pêngging kocapa malih (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.23.9); kunêng Dêmak ing Pêngging winuwus malih (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.23.9). (kembali)
118 pidêksa ([Macapat]). (kembali)
119 ringgit (dan di tempat lain). Bandingkan: aringgit (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.24.9); angringgit (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.24.9). (kembali)
120 Kurang satu suku kata. Bandingkan: maksih rare karêm maring wong aringgit (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.24.9); Mas Karèbèt karêm marang wong angringgit (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.24.9). (kembali)
121 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Mas Karèbèt pinrih ecanira (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.25.2); Mas Karèbèt tinut sukanira (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.25.2). (kembali)
122 Kurang satu suku kata: kathah-kathah karaos ngati. Bandingkan: kathah-kathah kêrasèng galih (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.26.5); kathah-kathah karasèng galih Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.26.5). (kembali)
123 karêm (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.28.1). (kembali)
124 nginêp (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.28.3). (kembali)
125 Kurang satu suku kata: angulati titis kang êning. Bandingkan: anênggani têgal kang sêpi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.28.5). (kembali)
126 Lebih satu suku kata. Bandingkan: lama-lama putrane diwasa (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.29.2); lami-lami Ki Jaka diwasa (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.29.2). (kembali)
127 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
128 Bandingkan: kulup (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.30.4; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.30.4). (kembali)
129 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
130 Kurang dua suku kata. Bandingkan: lah ta kulup sira marènana (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 25.33.2); kulup-kulup lah sira lèrèna (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 33.33.2). (kembali)
131 garjita. (kembali)
132 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
133 kangjêng. Bandingkan: jêng (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 28.7.1). (kembali)
134 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
135 Kurang satu suku kata: bocah iki pasêmone. Bandingkan: bocah iki unusane (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 28.10.3). (kembali)
136 Kurang satu suku kata: sira sun êpèk anak. Bandingkan: sira sun aku anak (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 28.10.6). (kembali)
137 sultan (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 28.10.8). (kembali)
138 misah (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.2.4). (kembali)
139 Lebih satu suku kata: ginarbêg marang wanadri. Bandingkan: binêrêg misah wanadri (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.3.2). (kembali)
140 kumarosak (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.3.3). Bandingkan: gumarosak (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.3.3). (kembali)
141 cinandhak (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.5.4; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.5.4). (kembali)
142 Lebih satu suku kata: bajul nora duwe solah. Bandingkan: baya datan bisa polah (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.8.5); baya datan duwe karkat (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.8.5). (kembali)
143 narpati (dan di tempat lain). (kembali)
144 Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus katur sri narapati (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.8.6); wus katur marang sang aji (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.8.6). (kembali)
145 kanil (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.10.6; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.10.6). (kembali)
146 Kurang tiga suku kata. Bandingkan: ing Tingkir lurah kêkasih (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.12.4). (kembali)
147 sêdaya (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.17.6). (kembali)
148 Kurang satu suku kata: sêdaya awêdi asih. Bandingkan: sêdaya samya jrih asih (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.17.6); sadaya samya jrih asih (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.11.6). (kembali)
149 nanontoni. Bandingkan: nontoni (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.18.4). (kembali)
150 priya (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.18.5; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.13.5). (kembali)
151 kajêngkang (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.19.3; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.14.3). (kembali)
152 Kurang satu gatra: ke-4 (8i). Bandingkan: sandhung jêkluk tiba kabruk | sambat Radèn Jaka Tingkir | kajêngkang karangkang-rangkang | tulungana Jaka Tingkir | wong angob ngulèt sêsambat | kulakêp Ki Jaka Tingkir || (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.19). (kembali)
153 jêblogan. (kembali)
154 dêdungik. (kembali)
155 tinampik. (kembali)
156 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: karo tangan amatèni. Bandingkan: karo asta amatèni (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.16.4); karo tangan angêmbari (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.37.4). (kembali)
157 Lebih satu suku kata. Bandingkan: tan ana kang miyatani (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.20.2). (kembali)
158 pagêlaran. Bandingkan pasewakan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.41.3); paseban (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.21.3). (kembali)
159 Kurang satu suku kata. Bandingkan: gène prawira tamtama (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.41.5); ênggon prawira tamtama (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.21.5). (kembali)
160 Lebih satu suku kata. Bandingkan: tanpa tandhing sampun wudhu (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.43.1; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.23.1). (kembali)
161 Kurang satu suku kata: kaatura ing sang nata. Bandingkan: katura maring narendra (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.24.3); kula turna mring sang nata (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.44.3). (kembali)
162 Lebih satu suku kata. Bandingkan: tamtama samya nauri (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.44.4; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.24.4). (kembali)
163 mapan. (kembali)
164 towonga (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.48.3); towong (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.28.3). (kembali)
165 Kurang satu suku kata: dene ta sri narapati. Bandingkan: dene kangjêng sri bupati (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.49.2); miyarsa karsaning gusti (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.29.2). (kembali)
166 suwawi. (kembali)
167 Kurang satu suku kata: suwawi karsa ngayoni. Bandingkan: Radèn Jaka ngandika ris (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.50.4); ngandika malih sang pêkik (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.30.4). (kembali)
168 kancanipun (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.52.1; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.32.1). (kembali)
169 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
170 Kurang satu suku kata: kyana patih ingandikan. (kembali)
171 Kurang satu suku kata: lungakêna ngalam ingsun. Bandingkan: wêtokna saking prajèngsun (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.58.1); alasêna dèn agupuh (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.38.1). (kembali)
172 Kurang dua suku kata. Bandingkan: dimèk dadi wong alasan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.58.5); dimèn dadi wong alasan (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 29.38.5). (kembali)
173 Kurang satu suku kata: bok sanake ingkang sami prapti. Bandingkan: bokmênawa sanakira prapti (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.3.4); bok sanèke manawa na prapti (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.3.4). (kembali)
174 rumpil (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.6.4). (kembali)
175 Kurang satu suku kata: manjing jurang gèn rampal arumpil. Bandingkan: manjing jurang jurangira rumpil (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.6.4). (kembali)
176 Kurang satu suku kata: gène risang anom. Bandingkan: gèn sang prawira nom (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.7.2). (kembali)
177 mênawa. Bandingkan: manawa (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.7.5). (kembali)
178 Kurang satu suku kata. Bandingkan: manawa ngèmbèti (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.7.5). (kembali)
179 Kurang satu suku kata: dhatêng ingkang ibu. Bandingkan: marang wangsanipun (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.7.6). (kembali)
180 Kurang satu suku kata: trênyuh kèsthi kèsthining kang galih. Bandingkan: trênyuhing tyas kang kèsthi ing galih (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.8.1). (kembali)
181 Kurang dua suku kata: ênêngêna Radèn Jaka Tingkir. Bandingkan: kunêng wau Radèn Jaka Tingkir (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.11.4). (kembali)
182 Kesahe (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.17.3). Bandingkan: sêdyane (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.12.3). (kembali)
183 Wêwingkising. (kembali)
184 Kurang satu suku kata. Bandingkan: kaya mèmpêr lan kakang suwargi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.14.4); pasêmone mèmpêr kakang swargi (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.19.4). (kembali)
185 Lebih satu suku kata: Kyai Buyut waspanya drês mijil. (kembali)
186 Biasanya guru lagu i: marganing. Bandingkan: dene sira katêmu nèng ngriki (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.16.4); ya pagene katêmu nèng ngriki (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.21.4). (kembali)
187 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Jaka Tingkir (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.21.5). (kembali)
188 Binêndon. (kembali)
189 Lebih satu suku kata: dening kawlasasih. (kembali)
190 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
191 Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus winulang sêkathahing ngèlmi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.22.4); pan winulang sakathahing ngèlmi (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.27.4). (kembali)
192 Kurang satu suku kata: lawan Ki Buyut Ngêrang rewange. (kembali)
193 Kurang satu suku kata. Bandingkan: bakal sakaguru (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.29.6). (kembali)
194 simpangi (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.30.5; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.24.5). (kembali)
195 Kurang satu suku kata: dêdalane ing guna lan sêkti. (kembali)
196 Lebih satu suku kata: wiwitan papa wêkasan luwih. Bandingkan: awit lara wêkasane mukti (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.27.4). (kembali)
197 Kurang satu suku kata: amung Nabi Suleman anênggih. Bandingkan: amung Nabi Suleman kang awit (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.29.1; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.34.1). (kembali)
198 Biasanya guru lagu i. Bandingkan: samangkin (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.30.1; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.35.1). (kembali)
199 Kurang satu suku kata: lamun nora wiwita sakite. Bandingkan: lamun ora mupakat wiwite (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.35.3); amusakat saking wiwitane (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.30.3). (kembali)
200 Kurang satu suku kata: pan wahyaning eblis. Bandingkan: pan wahyuning eblis (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.30.5; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.35.5). (kembali)
201 Kurang satu suku kata. Bandingkan: muktine panglulu (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.30.6); muktining panglulu (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.35.6). (kembali)
202 Sêpuh (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.33.6; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.43.6). (kembali)
203 Kurang satu suku kata. Bandingkan: pan ing têmbe yèn ana lilihe (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.35.3); bok ing têmbe yèn ana lilihe (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.37.3). (kembali)
204 Kurang satu suku kata. Bandingkan: pan wijilannèki (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.35.5); kawijilannèki (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.37.5). (kembali)
205 Biasanya guru lagu o: kewoh (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.36.2). (kembali)
206 Kurang satu suku kata. Bandingkan: pangalihe pulung (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.37.6); pangalihing pulung (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.38.6). (kembali)
207 Kurang tiga suku saka. Bandingkan: age pulung ngaliha mring mami (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.39.1); age pulunge ngalihèng mami (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.40.1). (kembali)
208 Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn dèn dohna kang sira jaluki (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 35.41.1); yèn dohêna kang sira jaluki (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 30.42.1). (kembali)
209 anutugakên (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.3.5). (kembali)
210 têbih (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.3.7). (kembali)
211 Kurang satu suku kata. Bandingkan: gih sampun têbih kewala (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.3.7; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.3.7). (kembali)
212 sungkawa (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.4.3). (kembali)
213 Kurang satu suku kata: sangêt sungkawa manahe. Bandingkan: manggung sungkawa driyane (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.4.3). (kembali)
214 katiwang-tiwang (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.4.4). (kembali)
215 Biasanya guru lagu e(o). Bandingkan: Panolèh (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.5.3; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.5.3). (kembali)
216 Biasanya guru lagu i. Bandingkan: winarni (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.6.1; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.6.1). (kembali)
217 Terdapat dobel sandangan: lir atau lèr. (kembali)
218 andêdagan. Bandingkan: adêdagan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.11.2); dêdagan (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.11.2). (kembali)
219 dhêdhêkah (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.12.4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.12.4). (kembali)
220 Lebih satu suku kata. Bandingkan: datan kawarna ing margi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.14.1); datan kawuwus ing margi (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.14.1). (kembali)
221 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Buyut ing Banyubiru (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.14.6); Kiyai Buyut Banyubiru (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.14.6). (kembali)
222 Lebih dua suku kata. Bandingkan: ki buyut amêthuk aglis (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.19.1). (kembali)
223 Lebih satu suku kata. Bandingkan: kamangkara atur sêmbah (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.19.7); kamangkara gustiningwang (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.19.7). (kembali)
224 amêngku (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.20.2; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.20.2). (kembali)
225 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu e(o): wus prapta samya lênggahe. Bandingkan: sigra atata lênggahe (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.20.3); sêksana ingajak lunggoh (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.20.3). (kembali)
226 Kurang satu gatra: ke-4 (7a). Bandingkan: wau sira Ki Mas Mănca (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.21.4). (kembali)
227 Lebih satu suku kata: ngabêkti ngaras pada. Bandingkan: nulya tata alênggah (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.21.5). (kembali)
228 cinarita (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.21.1; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.22.1). (kembali)
229 loloh. Bandingkan: lolohêna (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.24.5); lolohên nèng (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.25.5). (kembali)
230 Kurang satu suku kata: ginayot ing tangsul êduk. (kembali)
231 ika (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.28.2). (kembali)
232 Lebih satu suku kata: wiwitan sira dinangu. Bandingkan: jalaran dika dinangu (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.28.6; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.29.6). (kembali)
233 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Wuragil katigane (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.29.3); katiga Ki Wuragile (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.30.3). (kembali)
234 Lebih satu suku kata. Bandingkan: sarêng pamit anêmbah (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.30.5); pamit sarêng wotsêmbah (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.29.5). (kembali)
235 Lebih satu suku kata: angatêr ing kali Dêngkèng. Bandingkan: ngatêrkên ing kali Dêngkèng (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.30.3); ngatêrakên kali Dêkèng (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.31.3). (kembali)
236 santêr (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.31.5). (kembali)
237 Kurang satu suku kata. Bandingkan: kalawan Rahadèn Jaka (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 31.32.2); kêlawan Rahadèn Jaka (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 36.31.2). (kembali)
238 anjog (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 37.1.1; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 32.1.1). (kembali)
239 anglir. Bandingkan: lir (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 37.3.3; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 32.3.3). (kembali)
240 Baurêksa (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 37.3.6; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 32.3.6). (kembali)
241 gujêg (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 37.4.2; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 32.4.2). (kembali)
242 mamprung (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 37.5.5; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 32.5.5). (kembali)
243 Lebih satu suku kata: katingal baris anggambang. Bandingkan: barise katingal ngrangap (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 37.6.6); katingal baris agabag (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 32.6.6). (kembali)
244 Lebih satu suku kata. Bandingkan: gègèr praptane rahadyan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 37.7.1); gègèr praptanira radyan (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 32.7.1). (kembali)
245 Kurang satu suku kata. Bandingkan: rangkêp sakawan binucal (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 32.8.6); rangkêp pat lima nêm bebas (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 37.8.6). (kembali)
246 rinogoh (dan di tempat dan bentukan lain (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 37.11.1; Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 32.11.1). (kembali)
247 banting-binanting (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 32.11.7). (kembali)
248 Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
249 lumaris. (kembali)
250 Kurang satu suku kata: sang anom arsa lumaris. (kembali)
251 bêdhil (Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, Pupuh 34.11.5; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 39.11.5). (kembali)
252 akirik-kirik. (kembali)
253 Lebih satu suku kata: Ki Agêng Sela umatur aris. (kembali)
254 Variasi: kunjara (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
255 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
256 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
257 Komentar: cerita dari bait 21 sampai dengan bait 31 pada pupuh Dhandhanggula ini, tidak masuk akal dalam hal masanya. Sultan Trênggana dan Jaka Tingkir disetarakan masa Ki Ageng Sela. Ki Gede Pemanahan anak dari Ki Ageng Enis adalah cucu dari Ki Ageng Sela, sebaya atau barakan masanya dengan Radèn Jaka Tingkir. Yang semasa dengan Sultan Trênggana mestinya Ki Ageng Ngenis, satu masa di bawah Ki Ageng Sela. (kembali)
258 mangusapi(Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 40.43.9). (kembali)
259 Tanggal: tri lunga pănca bumine (S 1503). Tahun Masehi 1581–2. Sangkala ini mengacu pada wafatnya Sultan Demak terakhir dan naik takhtanya Sultan Pajang pertama. (kembali)
260 gênti (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 40.51.4; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 1.2.4). (kembali)
261 băndawala. (kembali)
262 Kurang satu suku kata: Sunan Prawata ngandika aris. (kembali)
263 Tanggal: rasa sirna yaksa nabi (S 1506). Tahun Masehi 1584–5. Sangkala ini mengacu pada wafatnya Sunan Prawata beserta permaisurinya. (kembali)
264 ananjak (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 41.10.6). (kembali)
265 priye. (kembali)
266 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
267 cocog. (kembali)
268 Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
269 Lebih satu suku kata: pawohan kang dèn ampil. (kembali)
270 curigan. (kembali)
271 Lebih satu suku kata: mapan sarwi ningsêti paningsêtira. Bandingkan: praptèng jawi ningsêti paningsêtira (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 42.21.9). (kembali)
272 ampuhe (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 42.25.9; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 3.21.9). (kembali)
273 pinandêng. Bandingkan: amandêng (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 42.28.8). (kembali)
274 suwaraning. (kembali)
275 Lebih satu suku kata: gumêrah swaraning bala. Bandingkan: gumêrah tanpa wilangan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 42.32.3); gumrêdêg tanpa wilangan (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 3.27.3). (kembali)
276 Kurang tiga suku kata. Bandingkan: apan maksih sinjang rambut (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 42.34.6). (kembali)
277 nuntên (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 43.3.7). (kembali)
278 mêngsah (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: amêngsah (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 43.5.7). (kembali)
279 ênggènipun. (kembali)
280 Kurang satu suku kata: duk tumingal sang akatong. (kembali)
281 nuli. (kembali)
282 Biasanya guru lagu e(o): nora sisip titikane. (kembali)
283 antêpipun. (kembali)
284 Kurang satu suku kata: apa kang ginawe wiwit. Bandingkan: paran kang kinarya wiwit (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 43.23.1). (kembali)
285 rinêbuta. (kembali)
286 sukêr (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 43.23.3). (kembali)
287 băndawala (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 43.26.1). (kembali)
288 Kurang satu suku kata: kalangkung suka kawula. (kembali)
289 ginanjar (dan di tempat lain). Bandingkan: ganjaran (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 34.32.1). (kembali)
290 ingandêlakên (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
291 untung. (kembali)
292 pikiripun. (kembali)
293 tangtanga (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: tinantang (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 43.50.5). (kembali)
294 botohana (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
295 Kurang satu suku kata: yèn botohe utama. (kembali)
296 Kurang satu suku kata: marêka ngarsa sang prabu. (kembali)