Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 041–050)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 146r lanjutan] ---
41. Durma
1. kawarnaa Kyai Gêdhe Pamanahan | kalawan Ki Panjawi | sampun asiyaga | sadadananane ngayuda |[1] Ki Juru kang bêbatohi | miwah kang putra | rahadèn angabèi ||
2. sampun pamit ing kangjêng sri naranata | tumut rama don jurit | wadya ing Sêsela | kang milu baya pêjah | kêrigan samya miranti | sêntona Pajang | tan binakta satunggil ||
3. sêdyanira lampahe aja kaworan | katawanga kang kadi | wus jangkêp wong dhomas | sarupane têtiyang | anulya budhal sira glis | kang anèng ngarsa | balane Ki Panjawi ||
4. kasambungan Ngabèi Salorepasar | nitih kuda rêspati | sinongsongan [si...]
--- [f. 146v] ---
[...nongsongan] jênar | yèn tinon warnanira | kadya putra Darawati | ingiring bala | sadaya wong sinêlir ||
5. lampahira tan kadya arsa ayuda | pêpikul kang rumiyin | pan kinarya sêmang | datan mawi gêgaman | sapratingkah wong agrami | lumampah ngarsa | gêgaman wuri têbih ||
6. pirang dina lampahira anèng marga | sampun prapta bênawi | wastane Bêngawan | ing Sore cinarita | sêksana gêgaman prapti | kang anèng wuntat | nulya makuwon aglis ||
7. pondhokane sakilène ing bêngawan | sami prayitnèng wèsthi | rakite atata | wong dhomas pakumpulan | samona kasaput wêngi | Ki Pamanahan | kêlawan Ki Panjawi ||
8. lawan Radèn Ngabèi Saloringpasar | Kya Juru tan têbih |[2] Panjawi kang putra | sami pagunêman |[3] kunêng kawuwusa malih | Pangeran Arya | Panangsang kang winarni ||
9. sangking Kudus praptaning Jipang sineba | karsane anglurugi | maring nagri Pajang | sêdya andhinginana | nulya kajinêman prapti | sangking bêngawan | tur uninga ing gusti ||
10. Arya Jipang sigra anêmbang têngara | langkung dènira runtik | mung salêbêting kitha |[4] sèwu kathahing wadya | karsane datan anganti | kumpuling bala | budhal sangking nêgari ||
11. Ki Tumênggung Mataun asru angampah | nuwun kula ngaturi | dintên mangke nahas | myang bala dèrèng prapta | Arya Jipang asru angling | ala tur tuwa | dhawuk awêdi mati ||
12. tan winarna lampahe Pangeran Arya | Panangsang Dêmung prapti | nulya masanggrahan | baris kubêng atata | ambêkta sêlir sawiji | punang Ronsêkar | iku sêlir kêkasih ||
13. ênêngêna [ênêng...]
--- [f. 147r] ---
[...êna] kang wontên Sore kocapa | Pamanahan Panjawi | samya parêmbagan | lah yayi benjang enjang | nyêkêla pangarit siji | akal manira | pinêrung kinon mulih ||
14. sampun rêmbag Ki Panjawi Pamanahan | dyan kawarnaa enjing | wong Jipang ingadhang | dening têtiyang Pajang | katuju wontên wong ngarit | pakathik Jipang | sanggupe dèn takoni ||
15. dyan cinêkêl binakta maring ngajêngan | kuping pinarung[5] sisih | gêtih daleweran | wus kinalungan layang | punang pakathik dèn wêling | sira muliha | nora ingsun patèni ||
16. layang iki aturêna Arya Jipang | inguculan tumuli | pakathik ing Jipang | lumayu garawalan | sêdya umatur ing gusti | ya ta akêbat | datan kawarnèng margi ||
17. sampun prapta anèng pasanggrahan Jipang | mangkana kang pakathik | manjing pamondhokan | kagèt sakèhe tumingal |[6] dening pakathiking gusti | kupinge pagas | sarta kêkalung tulis ||
18. nulya matur mring Kyai Tumênggung Jipang | tinakèn kang pakathik | tan sagêd miyarsa | nulya binakta seba | Tumênggung Mataun aglis | tanpa larapan | prapta ngayuning gusti ||
19. Arya Jipang kapanggih lagya adhahar | ki tumênggung kaèksi | tumulya sinapa | apa ta gawenira | ki tumênggung matur aris | paduka dhahar | kadhatêngna rumiyin ||
20. Arya Jipang asru dènira ngandika | bapa ingsun tingali | iku layang apa | sanajan ingsun dhahara |[7] matura ingsun lilani | angarah apa | matura dipun aglis ||
21. ki tumênggung ajrih yèn ora matura | sigra umatur aris |
--- [f. 147v] ---
abdi tur uninga | wontên pakathik Jipang | pinarung kupinge singsih | kêkalung layang | katur ing kangjêng gusti ||
22. Arya Jipang sêmona mêksih adhahar | angandika mring patih | lah ta êndi bapa | layang parènèkêna | pan ingsun arsa udani | mara ing ngarsa | ngaturakên kang tulis ||
23. ingkang asta têngên misih nyêkêl sêga | kang kiwa nyandhak tulis | anuli binabar | winaca ing wardaya | ungêle kang ponang tulis | tunggul panantang | Nata Pajang kang tulis ||
24. payo Jipang lamun nyata sira lanang | mayo tandhing ajurit | sira anabranga | Bangawan Sore egal | ingsun wani padha siji | dudu prawira | kandhêga dening kali ||
25. Arya Jipang lir sinêbit kang talingan | kadya araup gêtih | jaja lir têmbaga | kinèn kêkapa kuda | pun Gagakrimang cêmawis | Arya Panangsang | waos agêm cinangking ||
26. angandika hèh bapa besuk ngakerat | apa ingsun kapanggih | kaya Gagakrimang | lan kaya sêlir ingwang | kang aran Si Angronsari | gèn ingsun gêsang | mung iku dadi ati ||
27. Ki Tumênggung Mataun aris aturnya | punapa ta puniki | sabêciking dunya | ala-alaning kerat | Sang Arya ngandika aris | apa marganya | yèn ingsun jriha pati ||
28. nulya mangkat anitih pun Gagakrimang | ulêse mangsi warih | anadêr[8] kalintang | datan anganti bala | busana samya lumaris | wantêring manah | tan ana kang kaèksi ||
29. sangking kêbat panadêre kang turăngga | datan antara prapti | wetaning Bêngawan | Sore katon gumawang | wong Pajang samya ningali | yèn Arya Jipang | nandêr
--- [f. 148r] ---
prapta pribadi ||
30. Arya Jipang maksih amanggung nèng kuda | sarya anguwuh bêlik | hèh bala ing Pajang | ratumu apa ana | dening rora[9] anabrangi | wong Pajang mujar | iki sri narapati ||
31. nanging sira dèn arsa-arsa nabranga | apanggih padha siji | ya ta duk miyarsa | Pangeran Arya Jipang | talingan kadya sinêbit | pun Gagakrimang | anulya dèn camêthi ||
32. tan antara anggêbyur lan kudanira | anglangi ing bênawi | surak bala Pajang | suwaranira gumêrah |[10] Sang Arya sangsaya runtik | wadya tamtama | angêmbat lawung sami ||
33. Arya Jipang prapta pinggiring bêngawan | wong Sêsela nadhahi | lawan wong tamtama | sinosog ganjur atap | nanging datan dèn wawati | mung karsanira | Si Pajang ana ngêndi ||
34. kêkathahên musuh kang prapta marjaya | sarêng dènnya nglarihi | tan sêdya malêsa | sang nata ingulatan | wêsona anandhang kanin | lambunge kanan | jêjaringane mijil ||
35. Arya Jipang sarêng uninga yèn brana | angrasa yèn ngêmasi | ingulur ususnya | minăngka kêkacenya | sumampir dhuwung sapalih | ila-ilanya | sabuk jêro wong mangkin ||
36. Pangeran Arya Panangsang ingkang tinelat |[11] dening awuwuh pêkik | lir pangantèn anyar | kala lagi rinêngga | lir kêkace cindhe abrit | mung natèng Pajang | mangukih dèn ulati ||
37. pangamuke lir banthèng katawan brana | singa katrajang mati | misih ingulatan | yèn dudu natèng Pajang | tan nadya[12] amrih wong cilik | pangamukira | sangsaya anêkani [a...]
--- [f. 148v] ---
[...nêkani] ||
38. kawarnaa Angabèi Loringpasar | wruh yèn Ki Arya kanin | emut ing wirayat | singa kang mêjahana | Arya Jipang pan pinasthi | amutêr Jawa | sigra dèn parêpêki ||
39. pan anitih kuda èstri tan busona | pamrihe mêmingini | maring kuda lanang | dening Arya Panangsang | gandhila kuda nglakungi | pun Gagakrimang | marmane nitih èstri ||
40. waosipun Ki Palèrèd wus ingêmbat | landheyan nagasari | ya ta Arya Jipang | ngulati natèng Pajang | dèn nyana yèn milu jurit | sira rahadyan | ngabèi marêpêki ||
41. wus aparêk rahadèn lan Arya Jipang | andulu kuda èstri | tan kêna ingampah | rongèh tangkêpe kuda | datan uninga ing èstri | tungkul abêgar | anon ing kuda èstri ||
42. datan kaur Ki Arya angingêr watang | kudane mobat-mabit | saksana tumêdhak | radèn sangking turăngga | Ki Arya dipun larihi | sangking ing ngandhap | panumbake angênti[13] ||
43. sangking ngarsa panubake[14] olih jaja | tatas ludira mijil | sangête panumbak | wulêde Arya Jipang | pucuke waos kacêpit | punggêl sabrêras | ludira kadya mangsi ||
44. nulya niba sangking luhuring turăngga | Sang Arya angêmasi | kuda tumut pêjah | surak bala ing Pajang | gumrah Ki Juru mangsiti | padha aloka | ki gêdhe kang matèni ||
45. wus kaloka yèn Ki Gêdhe Pamanahan | lan Ki Gêdhe
--- [f. 149r] ---
Panjawi | matèni Ki Arya | kulambi pinocotan | pêthak malah dadi abrit | lan kampuhira | sami akuthah gêtih ||
46. kinitunkên[15] dhatêng ing Kalinyamat |[16] pitungkase ing nguni | Ratu Kalinyamat | layone binacikan[17] | Sang Arya Panangsang nênggih | sampun ngastona | langkung dening prayogi ||
47. tan antara Tumênggung Mataun prapta | sêdya angrêbut gusti | ngamuk ing paprangan | tinadhahan ing kathah | Tumênggung Mataun mati | murda tinigas | satêngahing ajurit ||
48. sêliripun Sang Arya maju ing rana | sadya bela ing gusti | aran Angronsêkar | sarwi anitih kuda | rêspati anyothe kêris | pangage lanang | bubar kang bala sami ||
49. sira Radyan Angabèi Loringpasar | yèn kang ngamuk pawèstri | sigra pinêrpêkan | kudane dipun candhak | Angronsari anuduki | datan rinasa | radyan mêgêng kundhali ||
50. nora pasah anuduki maring radyan | aniba Angronsari | sangking luhur kuda | lumaku pinêjahan | ilokêna maring gusti | nulya cinandhak | dening radèn ngabèi ||
51. wus kinanthi Angronsari astanira | radèn angarih-arih | mas mirah mindêla | pun kakang tadhah duka | malar lipura kang runtik | asih pun kakang | sira sun tohi pati ||
52. wus binakta mundur maring pasanggrahan | ucapên kang ing wuri | gêgaman ing Jipang | muntab ngêbêki papan | wêtawise
--- [f. 149v] ---
ingkang prapti | tiyang salêksa | sêdya atulung gusti ||
53. ambêranang kadya gunung kawêlagar | anggalong ingkang baris | kandhêg duk samona | anèng wetan bêngawan | miyarsa gusti ngêmasi | wadya ing Jipang | mangu ngrasa yèn kari ||
54. pagunêman sakèhe wadya ing Jipang | gusti sampun ngêmasi | payo ngusi papan | sadaya cumènthèla | kang sawênèh nêdya jurit | sawênèh ngucap | dana walêsing pati ||
42. Asmaradana
1. mêngkona Radèn Ngabèi | Loringpasar angandika | kang asta angawe-awe | kèh wong Jipang tingalana | pêpatihmu pralaya | apa ingkang sira rêbut | kudu abela tumangan ||
2. gustinira wis ngêmasi | lawan pêpatihe pisan | udua iki sirahe | Tumênggung Mataun Jipang | sun panjêr ing bêngawan | rêbutên yèn sira purun | lan sêlire wus sun alap ||
3. apan sira ta wong cili | milu-milu apa sira | bulah iki pêpatihe | milu mukti awibawa | ya ta kawula Jipang | wus rêmbag samya anungkul | sadaya ngulati papan ||
4. samya nabrang ing bênawi | sakèhe kawula Jipang | ngaturakê[18] bongkokane | sêdaya sampun tinampan | wau ta kawarnaa | mapan kasaput ing dalu | kondur sami mêsanggrahan ||
5. ya ta anggunêm sawêngi | Ki Panjawi Pamanahan | Ki Panjawi lon wuwuse | Ki Juru apa kang karsa | kita awèha derah | mapan puniki [puni...]
--- [f. 150r] ---
[...ki] wis lulus | punapa winalangdriya ||
6. manira têka nuruti | măngsa borong pakanira | Ki Juru alon wuwuse | patine Ki Arya Jipang | pan putra pakanira | ingkang mêjahi satuhu | katura Sang Nata Pajang ||
7. pasthi ganjarane cilik | yèn katura putranira | ingkang nyampuni ing gawe | nora atămpa ganjaran | nora liwat ginanjar | kadi ingkang warni kampuh | daragêm lan kampuh sawat ||
8. utawa kang rupa êncit | pinangana kanggo pira | yèn para aku roro |[19] kang matèni Arya Jipang | katura natèng Pajang | nêgara ganjaranipun | payo yayi dèn arêmbag ||
9. Ki Panjawi mangkya angling | inggih alêrês punika | Ki Pamanahan wuwuse | măngsa boronga pun kakang | kang katur natèng Pajang | pan sampun ubayanipun | ing Pathi lawan Mêtaram ||
10. Kyai Pamanahan angling | yayi Panjawi dèn rêmbag | marmi ingakên wong roro | pêjahe pun Arya Jipang | duk sêmona winarna | wong têtiga sampun rêmbug | tan ana suwalèng karsa ||
11. ya ta kawarnaa enjing | budhal sangking pamondhokan | gumêrah bala syarane | wuwuh gêgaman wong Jipang | lawan kang wadya Pajang | sangsaya kathah dinulu | binokokan sikêp Jipang ||
12. sangking gancange kang warti | wus kalokèng sangking Pajang | malah wus katur sang katong | yèn ana warta katular | nênggih Ki Pamanahan | sakulawarga wus kondur | sarta unggul ingkang [ing...]
--- [f. 150v] ---
[...kang] yuda ||
13. Ki Arya Jipang ngêmasi | lawan pêpatihe pisan | ingkang matèni wong loro | wêdanane wong tamtama | wasta Ki Pamanahan | Ki Panjawi rewangipun | kalih pisan antuk karya ||
14. sampun atas ingkang warti | utusane ingkang prapta | enjang sang nata amiyos | pêpêk kang mantri sadaya | andhèr ing pagêlaran | sarêng prapta kang anglurug | ngaturakên kang bokokan ||
15. sarêng matur Ki Panjawi | kalawan Ki Pamanahan | ulun ngaturakên waos | agêmipun Arya Jipang | lan dhuwung sakêmbaran | ingkang kinarya angamuk | katura kangjêng sang nata ||
16. Sultan Pajang ngandika ris | inggih ki raka anêdha | ingkang angêntasi gawe | apan wus ujar manira | ing Pathi lan Mêtaram | kang dadi ganjaranipun | kang matèni Arya Jipang ||
17. ki raka kesaha aglis | kalihan mri[20] Kalinyamat | umarêka kangbok |[21] angaturana uninga | patine Arya Jipang | sigra lèngsèr sangki ngayun | Ki Panjawi Pamanahan ||
18. datan kawarna ing margi | wus prapta ing Kalinyamat | nulya cumundhuk kalihe | umatur dhatêng kang raka | prakawis lampah kula | pitungkase yayi prabu | tur uninga ing paduka ||
19. dening ingkang amêjahi | dhatêng pun Arya Panangsang | inggih kawula wiyose | mangke sampun kalampahan | kang raka angandika | iya yayi sokur sèwu | abangêt tarimaningwang ||
20. ing mêngko sun pasrah yayi |
--- [f. 151r] ---
têtinggale raka para | sumăngga marang dhèwèke | Prawata lan Kalinyamat | saisine ing pura | kang rajabrana sadarum | kagunganira kalihan ||
21. tan bisa isun mangsuli | tarimani[22] atiningwang | tan duwe sadulur manèh | satilare ibu rama | myang kadang lawan priya | mung sira sadulur ingsun | ing donya têkèng dêlahan ||
22. Prawata yayi Panjawi | ingkang tuwa Kalinyamat | manira angèngèr bae | kang rayi kalih tur sêmbah | kapundhi ing mastaka | pangandika ingkang dhawuh | langkung panuwun kawula ||
23. nanging arinta sang aji | sampun dhawah kang timbalan | ingkang dados ganjarane | karsane rayi paduka | kangjêng sultan ing Pajang | nagri Pathi badhenipun | kalayan dhusun Mêtaram ||
24. kang rayi umatur malih | kawula nuwun bêrkatan | ratu mas pangandikane | iya yayi duwe iwang | sêsotya sakêmbaran | intên arane Si Uluk | sun wèhakên maring sira ||
25. kang rayi kalih nampèni | sêsotya sanunggal sewang | kalangkung ing panuwune | sarta ingkang rajabrana | wus sami tinampanan | ari kalih pamit mantuk | lèngsèr ngarsane kang raka ||
26. Ki Pamanahan Panjawi | budhal sangking Lèpènnyamat | tan winarna ing lampahe | wus prapta nagari Pajang | sang nata duk sineba | pêpêk punggawa gung-agung | atap andhèr pagêlaran ||
27. Ki Pamanahan Panjawi | cumundhuk ngarsa sang nata | angaturkên pitungkase | kang raka ing Kalinyamat [Kali...]
--- [f. 151v] ---
[...nyamat] | sangêt ingkang panêdha | ing paduka sang aprabu | pajahipun[23] Arya Jipang ||
28. tan kawasa amangsuli | ing sih pitulung paduka | sang prabu pangandikane | inggih ki raka anêdha | nanging ubayaningwang | ing Pathi ingkang rumuhun | pakanira tampanana ||
29. inggih ki raka Panjawi | ing Pathi dèn lungguhana | tămpaa dhingin kang anèm | kang sêpuh kapanggih wuntat | ki raka Pamanahan | dipun asabar karuwun | yèn ajêng Jipang sumăngga ||
30. anuwun aturirèki | tan arsa liyan Mêtaram | Jipang sumăngga karsane | ya ta kang wadya ing Jipang | sampun dèn êsrahêna | dhumatêng sang rajasunu | nama Pangeran Bênawa ||
31. jêngkar sang nata tinangkil | gumêrah suwaraning bala |[24] sang prabu sampun ngadhaton | ya ta ingkang kawarnaa | ingkang tămpa nêgara | pan sampun jinujung lungguh | Ki Panjawi awibawa ||
32. anama Ki Agêng Pathi | cacah wolung èwu pasrah | wus kalampahan kang anom | sampun atămpa nêgara | kantun Ki Pamanahan | angajêng-ajêng kalangkung | ing ubayane sang nata ||
33. ciptane sajroning ati | nadyan kathaha nêgara | liyan sangking Mêtarame | pan asru lênggananira | dèn palaur amagang | punika raosing kalbu | Kyai Gêdhe Pamanahan ||
34. Ki Juru amituturi | pun yayi dèn sabar uga | măngsa wandeya kalakon | pundi wontên ratu cidra | pan lagi dèrèng măngsa | dhatêng ingantos [inga...]
--- [f. 152r] ---
[...ntos] karuwun | sampun anyakiti manah ||
35. ya ta kawarnaa malih | Kangjêng Sultan Pajang karsa | undhang para mantri kabèh | ing Sêtu kala awatang | samya ngage-angeya[25] | sêsumping lan kampuh sindur | nulya prapta măngsa watang ||
36. Ki Pamanahan miyosi | angangge sador larangan | pulasing pucuk bung ampèl | kang para mantri sadaya | takèn Ki Pamanahan | sampun dika kamipurun | ngangge larangane nata ||
37. akathah dika puruni | sampun angangge mangkana | bung ampèl larangan gêdhe | nauri Ki Pamanahan | inggih puniki tăndha | bupati kang lagi tuwuh | sami kèndêl ingkang ngucap ||
38. sangsaya alami-lami | anênggih sri naranata | tan ana pangandikane | kang manah nora dêrana | dening sang nata cidra | amung wirange kang ketung | Kyai Gêdhe Pamanahan ||
39. nulya kesah mring Banglampir | nutugakên apratapa | saya ginagas wirange | pan alami tan sineba | merang kanane lênggah | dèn palaur adhêdhukuh | dèn sakiti kang sarira ||
40. anêkung raina wêngi | Kyai Gêdhe Pamanahan | angêningakên tingale | anênêdha ing Pangeran | tanpa dhahar lan nendra | mung cidrane sang aprabu | ketang sajroning sêngkara ||
43. Dhandhanggula
1. ênêngêna kang amangun tèki | wontên kusuma ingkang mangun tapa |[26] ing uni iku purwane | duk bêdhah Majalangu | lolosira sangking nêgari | kang putra Brawijaya | jujug Ardikidul | asru anêngkung ing dewa | mangun tapa anênggih wontên ing Giring | tan ana kang kaetang ||
2. sakalangkung [sa...]
--- [f. 152v] ---
[...kalangkung] gènnya mati ragi | turun lima lawan Brawijaya | kasrusra kanan kèrine | lami datan winuwus | Kyai Gêdhe sampun ngêmasi | nanging atilar putra | èstri lawan jalu | kang priya amangun tapa | asru brăngta kadya kang rama ing nguni | sangêt bêntur ing tapa ||
3. inggih nama Kyai Agêng Giri[27] | sampun nyata tingale mring Sukma | tinarima sasêdyane | ciptaning jroning kalbu | apratignya Yang Sukmajati | yèn isun tinarima | sêpêt ingsun tandur | yèn besuk tuwuh kêlapa | dadi tăndha tinêkanan ingsun iki | maring Kang Murbèng Jagat ||
4. wus tinanêm ingurugan siti | tan antara thukul wit kêlapa | lagi tamruna wayahe | Sunan Dilangu rawuh | ing dhepoke Ki Agêng Giri | sampun ngaturan lênggah | wau kang sinuwun | sampun karsane Yang Sukma | Kyai Gêdhe amangsud agama sukci | mring Sunan Kalijaga ||
5. sang pandhita angandika aris | lah ki jêbèng besuk wruhanira | sing sapa mangan uwohe | sêpêt kang sira tandur | yèn ing mêngko wus thukul uwit | samăngsa yèn awoha | pinasthi Yang Agung | kang ngumbe duduhe dêgan | nurunake para ratu tanah Jawi | dening kang mangan dêgan ||
6. wus pinasthi tinêmu ing benjing | turun-tumurun dadi êmbanan | nora pisah saturune | dadi kanthine ratu | amiyarsa Kyai
--- [f. 153r] ---
Gêng Giri | mangkona ingkang sabda | Sunan Ngadilangu | ki jêbèng sira karia | ingsun iki ing mêngko arsa amulih | isun angèstokêna ||
7. sigra kondur jêng susunan adi | sampun lama dumugi ing măngsa | kalapa mêdal uwohe | mung satunggal wohipun | kapariksa Ki Agêng Giring | langkung sukaning manah | kêlapane awuh | wayahe lagi dawêgan | wus pinêndhêt marang ki agêng ing Giring | pan lajêng pinarasan ||
8. karsanira ki agêng ing Giring | nadyan ingsun amangana dêgan | yèn uwis [u...]
--- [f. 153v] ---
sah — Dèn Natadipura, lan bane[28]
[...]
--- [f. 154r][29] ---
[...wis] sukci badane | Ki Agêng Giring mantuk | prapta wisma dawêgan aglis | sinèlèh pamidhangan | lajêng kesah adus | wus prapta anèng têlaga | eca siram kang toya asrêp awêning | ênêngêna kang siram ||
9. kang kocapa kang nêpi Kêmbanglampir |[30] siyang dalu nênêdha Pangeran | tinêkanan sasêdyane | sêmona Kyai Juru | datan eca raosing galih | kang rayi tinilika | Mbanglampir jinujug | panggih lan Ki Pamanahan | datan pêgat Ki Juru amituturi | payo panggih mring sultal[31] ||
10. ingkang rayi lênggona ing kapti | sêdyanira nutugakên lampah | Ki Juru nurut karsane | wayahe têngah dalu | wus lumampah tiyang kêkalih | rangu-rangu ing marga | tan ana jinujug | nurut saparane manah | byar raina karainan ing wanadri | lajêng ing lampahira ||
11. awirandhungan tiyang kêkalih | panas bangêt ing măngsa katiga | samya sangêt kasatane | arsa angumbe banyu | angulati kang ana warih | datan amanggih sêndhang | Kyai Juru emut | yayi payo pinaranan | ingsun dhingin duwe prasanakan ngriki | manawa mingsih gêsang ||
12. nulya sira pinurugan aglis | sampun prapta anèng dhepokira | Ki Agêng Giring wismane | lajêng sami alungguh | Kyagêng Giring kapanggih sêpi | kesah dhatêng têlaga | Ki Juru amuwus | yayi iki ana dêgan | wus parasan para jupukên [jupukê...]
--- [f. 154v] ---
[...n] dèn aglis | sigra Ki Pêmanahan ||
13. wus pinundhut dêgan amung siji | kang tumumpang luhur pamindhangan[32] | saksana binolong age | toyane wus ingunjuk | dawêgane pinêcah aglis | Ki Juru ingkang dhahar | nikmate kêlangkung | têmbene sami kasatan | duk sêmona Ki Agêng Giring wus mulih | sangking ing pasiraman ||
14. sapraptane ing wisma kapanggih | Kyai Juru lan Ki Pêmanahan | nulya ngaturan pêmbage | sadangune alungguh | Kyai Agêng Giring ningali | degan kapanggih pêcah | Ki Giring amuwus | adhi sintên ingkang dhahar | Kyai Gêdhe Pamanahan nêda[33] aris | kakang inggih kawula ||
15. kyai agêng ing Giring prajangji | turun pisan gênti waris kula | Ki Juru alon sabdane | datan kawasa ingsun | kyai agêng ing Giring angling | turun kalih manira | Pamanahan muwus | acêgah basa punika | mêsthèkêna kang dèrèng wontên sayêkti | Ki Agêng Giring mojar ||
16. turun tiga kula gênti waris | anauri Kyai Pêmanahan | tan wasesa masthèkake | Ki Agêng Giring muwus | turun ping pat kula agênti | Ki Pamanahan napda | tan kawasa ingsun | langkung karsaning Yyang Sukma | Kyai Juru Pamanahan sigra pamit | wus mêdal sangking wisma ||
17. kyai agêng ing Giring sru angling | inggih adhi turun kaping lima | kula aganti warise | Ki Pamanahan muwus | tan kawasa [ka...]
--- [f. 155r] ---
[...wasa] manira pêsthi | sintên uninga benjang | karsane Yyang Agung | Ki Agêng Giring angucap | cêluk-cêluk turun ping nêm kula adhi | turun ping pitu kula ||
18. Kyai Pamanahan tan nauri | Kyai Juru lajêng lampahira | tan winarna ing margane | lampahira glis rawuh | padhêgkahan[34] ing Kêmbanglampir | Ki Juru Pamanahan | nêngêna rumuwun | Kang Sinuwun Kalijaga | duk sêmana karsanira mituturi | nulung kang sakit manah ||
19. nora samar tingale asidik | mapan wikan sadurung winarah | pandhita têrus tingale | sakêdhap nulya rawuh | kang sinuwun ing Kêmbanglampir | Ki Juru Pamanahan | anungkêmi suku | susunan ing Kalijaga | angandika ki jêbèng apa marmaning | anyakiti sarira ||
20. dene sira tan tulus angabdi | iya maring ki jêbèng ing Pajang | dene wus tunggal kawruhe | Ki Pamanahan matur | marang guru sarya ngabêkti | anuwun panêmbahan | mila botên purun | asuwita ratu cidra | kang ubaya dhatêng kawula ing nguni | mangke tan kalampahan ||
21. mèngsêm ngandika sang maha yêkti | aja para ki jêbèng angucap | manira wus wêruh kabèh | sarasaning atimu | nanging mêngko payo amulih | marang nagara Pajang | sun atêr sirèku | apanggiha arinira | mapan sira wus tunggal rasa sajati | lawan ki jêbèng Pajang ||
22. singa ingkang dudua ing kapti | yêkti ingsun ingkang matutêna | aja na salah
--- [f. 155v] ---
karsane | wus lumampah sang wiku | Kyai Pamanahan umiring | prapta laju mring pura | sang nata tumurun | têdhak sangking ing dhêdhampar | gupuh ngaras ing pada sang maha yêkti | wus ngaturan pinarak ||
23. sampun tata katiga alinggih | kang sinuwun aris angandika | ki jêbèng apa karane | para nyidrani wuwus | ubayane tan dèn luwari | marang ing kakangira | dhingin wus asanggup | Mataram dadi ganjaran | timbangane lawan nagara ing Pathi | kadangmu kang taruna ||
24. Ki Panjawi kalakon atampi | ganjarane nagara Santênan | kang tuwa durung kalakon | tămpa ganjaranipun | Sultan Pajang matur ngabêkti | pramila dèrèng kasrah | dhusun ing Mêtarum | dhatêng pun kakang kang tuwa | dene maksih sêkar garèng ing Mêtawis | akathah ingkang wona ||
25. inggih pun kakang kawula sungi | nagari lyanl[35] ingkang sampun gêmah | ing Jipang pênêt liyane | dening dhusun Mêtarum | tiyangipun maksih akêdhik | ya ta kangjêng susunan | uninga ing sêmu | karsane sultan ing Pajang | lan batine Kyai Pamanahan nênggih | sang pandhita uninga ||
26. kang sinuwun angandika aris | pagenea ki jêbèng mêngkana | wong uwis dadi jangjine | aja cidra ing wuwus | nadyan ala sanajan bêcik | dadi ubayanira | ing Pathi Mêtarum | paringêna kakangira | ing Mataram aja na ujar ping kalih | tulusa dadi kadang ||
27. Sultan Pajang dangu datan angling | milanipun nora angandika | karasa cidra galihe | nanging ajrih ing guru | Sultan Pajang umatur [u...]
--- [f. 156r] ---
[...matur] aris | padhusunan Mataram | sumăngga pukulun | nanging ta atur kawula | ing paduka prakawis dhusun Mêtawis | ulun mirsa wirayat ||
28. kang wirayat sangking Maospait | panjênênganira Brawijaya | andangu para tabite | aturira pun nujum | sasirnane ing Maospait | panjênênganing Dêmak | ing sasirnanipun | panjênêngan nagri Pajang | tan antara padhusunan ing Mêtawis | dados nêgara arja ||
29. angandika Kang Sinuwun Kali | lah ki jêbèng nuli paringêna | mring kakangira dèn age | apa ingkang winuwus | dhimin bêcik mêngko ya bêcik | aja na salah tămpa | atuta sadulur | sinuwun ing Kalijaga | wus uninga karsane sri narapati | layan Ki Pamanahan ||
30. Sultan Pajang sigra matur aris | panêmbahan sumăngga ing karsa | nanging wontên panuwune | prasêcaa rumuhun | ing kawula tuwan saidi | Susunan Kalijaga | angandika arum | lah ki jêbèng Pamanahan | prasêcaa marang arinira aglis | ingsun saidi sira ||
31. Ki Pamanahan matur ngabêkti | marang guru yèn awak kawula | kajênga jumênêng natèng | wontên bumi Mêtarum | aprasêtya ulun pribadi | yèn adamêl piala | sampun manggih ayu | utawi sêdya ngêndhiha | ing karaton Pajang kawula pribadi | sampun amanggih arja ||
32. lawan sintên ngawoni rumiyin | anak putu kawula ing benjang | kongsia mêdal gêtihe | anèng Pajang puniku | miwah
--- [f. 156v] ---
Pajang nèng Mêtawis |[36] sampun salamêt uga | nênggih kang tinêmu | myang arsa ngayap tilasan | lamun botên kalawan suka lilaning | datan sae tinêmah ||
33. inggih awak kawula pribadi | sintên uninga ing benjang-benjang | anak putu sawurine | gaib karsa Yang Agung | panêmbahan ngandika aris | abênêr ujarira | uninga sang wiku | lamun basa maksih keras | lah ki jêbèng ing Pajang pasraha aglis | marang ing kakanghngira[37] ||
34. paringêna dhusun ing Mêtawis | Sultan Pajang ature sumăngga | andika tampèni mangke | kakang dhusun Mêntarum | nanging maksih kathah wanadri | lan malihe ki raka | manira anjaluk | jangji ngêcurakên toya | nèng ngarsane ing guru sang maha yêkti | dene wicantênira ||
35. maksih ngeras abasa pribadi | anak putu awone tan ana | têka dèn sanggêmi dhewe | Ki Pamanahan matur | sampun kathah-kathah sang aji | ingkang paduka ucap | karsaning Yyang Agung | mundur botên ingengehan | nadyan bocah angon dadosa nêrpati | inggih sintên malanga ||
36. langkung kawula lawan sang aji | ingkang andhawahakên punika | prajangjiyan kajawine | lan karsaning Yyang Agung | sintên ingkang sinungan gaib | sanadyan pêjah gêsang | kalamun pinundhut | sintên kawasa malanga | Jêng Susunan Kalijaga ngandika ris | ki jêbèng Pamanahan ||
37. tampanana desa ing Mêtawis | aja ana kang padu wicara | sira boyonga dèn age | anak rabi sêdarum | ginowoa [ginowo...]
--- [f. 157r] ---
[...a] marang Mêtawis | sun idèni tulusa | dadia sadulur | lah uwis padha karia | ingsun mulih sang nata sigra ngabêkti | myang Kyai Pamanahan ||
38. sampun kondur jêng susunan adi | saungkure Kyai Pêmanahan | mêdal mantuk mring wismane | kang garwa wus kapangguh | para putra pêpêkan sami | sadalu pagunêman | lawan Kyai Juru | arêmbag nuntên boyonga | mring Mataram Kyai Pamanahan singgih | ingetang putranira ||
39. amung pitu kathahe kang siwi | èstri kalih putra jalu gangsal | wontên dene pambajênge | jalu Rahadèn Bagus | kang pinundhut putra nêrpati | Ngabèi Loringpasar | nuntên arinipun | èstri kang sampun akrama | wus kagarwa Ki Tumênggung Mayang nênggih | bupatinirèng Pajang ||
40. Radèn Jambu nuntên Radèn Santri | sami jalu nanging dèrèng krama | kadtiga[38] Rahadèn Tompe | dene cumêndhinipun[39] | wus kagarwa Ki Dhadhaptulis | sami punggawa Pajang | nuntên arinipun | pasuson jangkêpe sapta | putra èstri kêkalih kang sampun krami | tan tumut ingkang rama ||
41. nulya sira angaturi pamit | putra jalu angiring sadaya | asaos pagêlarane | samya tata alungguh | kangjêng sultan sampun tinangkil | Pamanahan ngandikan | umarêk sang prabu | Sultan Pajang angandika | yèn suwawi kados sampun kakang Pathi | punika kang prayoga ||
42. anamaa Ki Agêng Mêtawis | lan kuwawi angingua gajah | sampun sêdhêng lan cacahe | Ki Pamanahan matur | sakêlangkung anuwun kang sih | layan putra paduka |
--- [f. 157v] ---
yèn lilah sang prabu | pun Ngabèi Loringpasar | kula suwun tumuta dhatêng Mêtawis | dados kanthi kawula ||
43. amarêngi lêga ingkang galih | ingkang putra sinuwun kang rama | sang nata pangandikane | inggih sumăngga ingsun | andhèrèka dhatêng Mêtawis | anulya sêsalaman | para putra ngujung | Ngabèi Salorepasar | angabêkti kalayan anuwun pamit | Sultan Pajang ngandika ||
44. iya kulup sira sun lilani | amilua marang ramanira | sun èstokkên salamête | sadaya wus angujung | sigra wau radèn ngabèi | nulya arêrangkulan | lawan arinipun | nênggih Pangeran Bênawa | aturira mapan sarwi èsmu nangis | ulun tan bêtah pisah ||
45. mugi kakang sampun lami-lami | atinjoa dhumatêng kawula | ulun ngaturi lujênge | tarima yayi ingsun | akantuna pun kakang pamit | sigra Ki Pamanahan | lèngsèr sangking ngayun | wus prapta ing dalêmira | putranira kang èstri sami anangis | kang rama angandika ||
46. kang bisa sira sun tilar nini | angladhèni marang lakinira | sêlamêta saburine | nêngêna kang rumuwun | kang kocapa Juru Mêrtani | sigra dènira sohan | apamit sang prabu | kangjêng sultan angandika | gih ki raka pêkênira nuwun pamit | nêdha padha salaman ||
47. lan malihe manira atitip | mring ki raka anak pêkênira | si thole Radèn Bèine | wus dadi manah ingsun | amung sira ingsun têmpuhi | Ki Juru aturira | sandika pukulun | wus lèngsèr sangking ngajêngan | nulya
--- [f. 158r] ---
prapta dalêm Ki Agêng Mêtawis | sampun sami adandan ||
48. enjing mangkat lampahira aris | mapan kathah kawula ing Pajang | kang sami tumut lampahe | putra alit nèng ngayun | pra sêntana kang sami ngiring | asêlur lampahira | ingkang wong andulu | Kiyai Agêng Mêtaram | karsanira arèrèn ngujung ing Pêngging | karsa anêdha alal ||
49. Kyai Agêng Mêtaram nèng Pêngging | anênêdha mring Kang Murba Jagad | samadya căndra lamine | siyang dalu anêkung | amaladi sêmèdi êning | anêgês karsaning Kang | Amurwèng Pandulu | tinari sasêdyanira | têngah dalu malêm Jumuwah anênggih | dhawuh sihing Pangeran ||
50. wus kalilan yèn mêngku rat Jawi | sawêrnane kayon samya rêbah | kang kidul ngalor rubuhe | kang lor rubuh mangidul | ingkang wetan kulon ngrubuhi | kulon rubuh mangetan | amung kayu sêrut | kang ngadêg ana ing têngah | kyai agêng wus budhal sangking ing Pêngging | prapta Taji sêmona ||
51. samya rèrèn anèng Pasar Taji | pêpikule andhèr pinggir marga | Ki Gêdhe Karangêlone | nulya sira cumundhuk | sêsuguhe binêkta sami | sêkul kalawan ulam | la[40] wowohanipun | wintêtara[41] pitung jondhang | sampun katur mring ki agêng ing Mêtawis | kalangkung tinarima ||
52. sêkul golong ulam pêcêl pitik | jangan mênir anulya dhinahar | ki agêng langkung nikmate | wêradin sêgahipun | para putra samya abukti | miwah ingkang santona | èstri lawan jalu | Ki Gêdhe Karanglo ika | tunggal guru lan ki agêng
--- [f. 158v] ---
ing Mêtawis | mring Sunan Kalijaga ||
53. angandika Ki Agêng Mêtawis | ingsun iki kakang kapotangan | nora bisa naur sihe | manawa ta ing besuk | ingsun bisa nauri kang sih | balikan rowangana | sinau dhêdhukuh | sangking Taji sampun mangkat | Kyai Gêdhe Karangêlo tumut ngiring | sêdyane ngatêrêna ||
54. Kyai Agêng Mêtaram lumaris | kocapa Sinuwun Kalijaga | asiram Kali Umpake | kyai agêng andulu | marang guru cumundhuk aglis | sinuwun maksih siram | padane rinangkul | suku têngên kinosokan | ingkang kiwa kinosokan mring Kiyai | Karangêlo punika ||
55. Kang Sinuwun Kalijaga nênggih | wruhanira jêbèng iku benjang | milu mukti saturune | lawan turune rèku | satêdhake iku ing benjing | tan wênang sinêbut mas | lan radèn puniku | lan malihe iku benjang | desa Taji dadi palawangan benjing | pikukuhe Mataram ||
56. lan malihe sira kaki Bayi | aja milu marang ing Mataram | kandhêga ing kene bae | saturunira besuk | nora wênang ngingua èsthi | kalawan payung bawat | pasthènira iku | sawetane Kali Umpak | kang pinasthi dadi panganira benjing | milu mukti Mataram ||
57. kawarnaa Ki Agêng Mêtawis | sampun mangkat sangking Lèpèn Umpak | wus prapta ing pasar gêdhe | tumingal kang sinuwun | kang jumênêng ngisor waringin | ki agêng ing Mêtaram | sujud marang guru | kang sinuwun angandika | wruhanira ki jêbèng iku ing benjing | dadi lun-alunira ||
58. dene kali kulon iku benjing |
--- [f. 159r] ---
iya dadi paguyangan gajah | kidule waringin kiye | besuk dadi kadhatun | lan malihe kang jumênêng aji |[42] waringin iki rêbah | tan salaya iku | rusake kang panjênêngan | para ratu kang jumênêng ing Mêtawis | iku wirayat ingwang ||
59. Kyai Agêng Mêtaram winarni | sabên dina dènira ababad | saputra kulawangsane | kalawan Kyai Juru | lan wong dhomas babad wanadri | sabên dina mangkana | pan dèrèng sataun | wus rinakit kang pomahan | tiningalan dhasar sitine aradin | nyata dadi pinginan ||
60. kawarnaa nagari Mêtawis | sinêngkalan wiwite binabad | wong guna mănca bumine |[43] katara arjanipun | murah bêras kalawan pari | miwah sandhang lan pangan | kang wowohan agung | wong dagang akathah prapta | abanjaran toyanya adrês awêning | kacaryan kang tumingal ||
61. kawarnaa Radèn Angabèi | kala sêmona dèrèng akrama | duk tumingal ing ibune | ingkang sinandhing lungguh | wontên èstri ayu linuwih | kagyat sajroning manah | rahadyan andulu | ngandika sajroning nala | sapa baya sinandhing ibu alinggih | dene anyar katingal ||
62. angandika Rahadèn Ngabèi | sapa ika kang sinandhing lênggah | ni enya alon ature | inggih sêngkêranipun | rama jêngandika sang aji | kangjêng sultan ing Pajang | dene wijililipun[44] |[45] putri sangking Kalinyamat | nulya emut Radèn Ngabèi ing galih | kala dèrèng diwasa ||
63. kaduk widhung nora pati bêcik | mêngko iki sêdhênge diwasa | amanglingi ing warnane | rahadèn asmu kenyut [kenyu...]
--- [f. 159v] ---
[...t] | anglabuhi lara lan pati | nadyan manggiha duka | ing rama sang prabu | kang ketang mung ayunira | nora wande yèn ingsun wurunga panggih | mijil sangking Mêtaram ||
44. Mijil
1. Radèn Ngabèi arsa nyidrani | malêbèng kadhaton | surup surya apadhang wulane | sêdhêngira ing purnama sidi | kocapa sang èstri | kang wontên kadhatun ||
2. akêkasihing Sang Ratu Èstri | sinêngkêr sang katong | anèng Mataram pira lamine | mangke sampun diwasa birai | warna kadya tulis | lir gambar lumaku ||
3. wus uninga yèn sinêngkêr dening | ing Pajang Sang Katong | nanging sang dyah tan etang pinatèn | yèn inganggea garwa sang aji | mung Radèn Ngabèi | kang katon ing kalbu ||
4. wus pinasthi karsaning Yyang Widi | manahe sang anom | wus anunggal èstri lan kakunge | mangkya prapta Rahadèn Ngabèi | mulat Ratu Èstri | manahira kanyut ||
5. têngah dalu wayahe kang wêngi | sirêp kang punang wong | nanging Ratu Èstri dèrèng sare | dhasar ana karasa ing ati | mring Radèn Ngabèi | tingale asêmu ||
6. mangkana malih Radèn Ngabèi | sangking jawi anon | katingalan sasolah tingkahe | kasênênan pandam anêlahi | wêdona lir sasi | kang lagya sumunu ||
7. yèn anglinga Rahadèn Ngabèi | baya sang lir sinom | manahe kaya ingsun mangkene | karsanira pan dèn parêpêki | bok salaya budi | manahe lan ingsun ||
8. upama têka ingsun parani | alumuh maringong | ingsun paksa dadi panjêrite | gawe kagèt angisin-isini | pasthi ambêk pati | mara mundhuk-mundhuk ||
--- [f. 160r] ---
9. lajêng cinandhak astane kèri | kagyat sang lir sinom | linging nala radèn kalingane | ana karsane ing awak mami | yèn uga nyidrani | mati kang kayèngsun ||
10. dadya angling ing sang kadi Ratih | sarwi waspa miyos | sampun radèn tingkah kang mêngkene | manawa dika tan anglabuhi | wong sinêngkêr aji | apa dika purun ||
11. Radèn Ngabèi nauri aris | tan ajrih ing katong | nadyan têkaa angrêbut anggèr | angsal uga dika tulus asih | sun rewangi mati | tan etang yèn lêbur ||
12. mèngsêm sang rêtna wuwuse manis | dyan rinangkul alon | amung sira gustiningsun anggèr | sapta buwona dèrèng amanggih | kang asawang Ratih | paraning pandulu ||
13. pun kakang mirah anrahkên pati | yèn cidra wiraos | ingsun wêruh yèn sinêngkêr anggèr | kumawawa ingsun wani-wani | bosên sun aurip | dhêdhingini kayun ||
14. saèstune awak ingsun iki | tan ajrih binêndon | suka pêjah ana ing padane | ngèstupada mring sang kadi Ratih | dèn tumêkèng pati | kawula mas ratu ||
15. sapa baya kang aduwe gusti | ayunira amor | kang puspita sataman arume | amung sira kang asawang sasi | liringe amanis | asor madu juruh ||
16. tigang dina lawan tigang latri | radèn nèng kadhaton | êmban enya uninga solahe | sigra umatur dhatêng kiyai | ngaturi udani | putra solahipun ||
17. Kyai Agêng jêngêr tan kêna ngling | dening kacarogoh | ingkang sêsêngkêraning rajèng |[46] putri Kalinyamat [Ka...]
--- [f. 160v] ---
[...linyamat] Ratu Èstri | karsane kiyai | umatur sang prabu ||
18. ingkang putra Radèn Angabèi | angandikan alon | sira ingsun gawa marêg age | maring Pajang atur pati urip | pang ingsun awêdi | yèn ora amatur ||
19. injing lampahe sadalu margi | prapta Pajang alon | kangjêng sultan pinarak purane | sigra matur Ki Agêng Mêtawis | nuwun paduka ji | tur uninga ulun ||
20. ngaturakên ingkang pati urip | sêngkêran sang katong | pawèstri sangking Lèpènnyamate | cinaragoh dening pun Ngabèi | Lèringpasar nênggih | sumăngga pukulun ||
21. sang natèng Pajang ngandika aris | sokur putraningong | karsa krama kawina ing kene | suka ingsun ing pun Angabèi | panggihna tumuli | ki gêdhe anuwun ||
22. alah uwis Ki Radèn Ngabèi | muliha nak ingong | ingkang putra anuwun ature | Dèn Ngabèi mantuk rumiyin |[47] ingkang rama kari | anganti panundhung ||
23. kangjêng sultan angandika aris | kakang karsaningong | ingsun tindak dhatêng ing Girine | nuwun idi ing sang maha yêkti | Kang Sinuwun Giri | sri nata kang kayun ||
45. Sinom
1. kocapa sang natèng Pajang | duk aseba dhatêng Giri | dènira jumênêng sultan | pan arsa anuwun idi | mring Kang Sinuwun Giri | sampun budhal sang aprabu | ingiring kang punggawa | miwah Ki Agêng Mêtawis | sampun rawuh sang nata ing Giriliman ||
2. warnanên Kangjêng Susunan | Pêrapèn lagya tinangkil | wontên ing Girikadhatyan | pêpêk kang para dipati | Japan Wirasabèki | dipati [dipa...]
--- [f. 161r] ---
[...ti] ing Surèngkewuh | Kadhiri Pasuruan | Wong Agung Madura nangkil | ing Sidayu Lasêm kalawan ing Tuban ||
3. myang Kyai Agêng Santênan | kasaru sang nata prapti | têdhak sangking ing wahana | gumêrah kang wadya alit | sang natèng Pajang aglis | angabêkti mring sang wiku | sigra ngaturan lênggah | binabaran prangwêdani | sri narendra sêman[48] sampun pinarak |[49]|
4. sagung kang para punggawa | andhèr ing wuri narpati | mantri kalawan satriya | miwah Ki Agêng Mêtawis | prênahe datan têbih | kapering lawan sang prabu | Sunan Giri ngandika | sakèhe para dipati | ngèstrènana ing mêngko ki jêbèng Pajang ||
5. jumênênga nama sultan | punika babade uni | rêsi mantri tata raja |[50] anulya dhêdharan mijil | asêlur sangking puri | sadaya ngambêngan sampun | ingkang para dipatya | alêkas dhahar tumuli | Sultan Pajang atanapi sang pandhita ||
6. Sunan Parampèn[51] ngandika | mring sagung para dipati | kabèh anak putuningwang | patuta ingkang abêcik | aja na amimiti | dèn samya ngangge rahayu | dèn sokur ing Yyang Sukma | jênêngira kabèh iki | kang sun têdha sêlamêta donya kerat ||
7. sakèhe para dipatya | umatur sarya ngabêkti | anuwun jêng panêmbahan | pasihan dalêm kapundhi | tan kawosa mangsuli | ya ta gènnya dhahar sampun | dene ingkang lorodan | ponakawan kang atampi | wus waradin kinèn abukti sadaya ||
8. ing sakathah ponakawan | sadaya dipun [di...]
--- [f. 161v] ---
[...pun] tingali | dening susunan ing Arga | ya ta Ki Agêng Mêtawis | ingkang dinuk ing liring | dènira sang maha wiku | pandhita maha raja | anampani sêmu gaib | nora samar marang Ki Gêdhe Mêtaram ||
9. raja pandhita ngandika | ki jêbèng Pajang puniki | saparane uwongira | dene mangan angarèni | sultan umatur aris | punika kang tuwan dangu | inggih abdi paduka | pun patinggi ing Mêtawis | angrèh tiyang kawan atus ing Mataram ||
10. ngandika raja pandhita | lah sira kona ing ngapti | alinggiha jajar lawan | sakèhe para dipati | nulya ngandikan aglis | kyai agêng ing Mêtarum | wus alinggih ing ngarsa | jajar lan para dipati | angandika kang sinêmbah Giripura ||
11. kawruhanira sadaya | sakèhe para dipati | yèn ki gêdhe ing Mêtaram | ing besuk kang wuri-wuri | angrata nusa Jawi | iya anak putunipun | dipati tanah Jawa | kabèh seba mring Mêtawis | ya ta Kyai Agêng Mêtaram miyarsa ||
12. kang wirayat panêmbahan | nulya Ki Agêng Mêtawis | asujud ngarsèng pandhita | mangaras pada sang yogi | langkung panuwunnèki | marang sihira Yang Luhur | dadya raja pandhita | mangkya angandika aris | karsaning Yang nora kêna ingowahan ||
13. kyai agêng ing Mataram | ngaturi dhuwung satunggil [satung...]
--- [f. 162r] ---
[...gil] | dhatêng Panêmbahan Arga | Susunan Giri anampik | sagung para dipati | kacaryan sami angrungu | ki gêdhe ing Mêtaram | cinêtha amutêr bumi | kawarnaa Kang Sinuwun Giripura ||
14. ayasaa kang têlaga | sakèhe para dipati | sadaya sami bubuhan | punang talaga wus dadi | mila dipun wêstani | punika Têlaga Patut | ênggone pêpatutan | sakèhe para dipati | ing pasisir kalayan măncanêgara ||
15. risampunira mangkana | sakèhe para dipati | samya tinundhung mantuka | wus bubar sangking ing Giri | miwah para nêrpati | Sultan Pajang sampun kundur | ginarêbêg punggawa | gêgaman lir gunung gêni | ambêlabar ingkang wadyabala tăntra ||
16. datan kawarna ing marga | sampun rawuh ing nêgari | miwah Ki Agêng Mêtaram | pamit mantuk mring Mêtawis | Sultan Pajang tinangkil | pêpêk punggawa supênuh | miwah kang para putra | santana samya tinangkil | kangjêng sultan aris ingkang pangandika ||
17. sakèhe punggawaningwang | ki raka Gêdhe Mêtawis | ing têmbe amutêr Jawa | pinasthi karsaning Widi | turun tumurun benjing | sakèh para mantri agung | kagyat mirsa kang sabda | kang wirayat Sunan Giri | kawarnaa Kyai Gêdhe ing Mêtaram ||
18. sarawuhe ing Mataram | injinge miyos tinangkil | pêpêk putra myang sêntona [sênto...]
--- [f. 162v] ---
[...na] | Kyai Juru Amêrtani | rewangira alinggih | pinarêk ana ing ngayun | pan samya winartanan | kang sabda Susunan Giri | Kyai Juru langkung suka ing wardaya ||
19. kang para putra sadaya | kang agêng lawan kang alit | pan sami suka sadaya | dening amiyarsa warti | ingkang wirayat uni | nênggih panêmbahan ratu | miwah para santona | kalangkung suka ing ati | ing Mêtaram sangsaya gêmah raharja ||
20. wiwitane tiyang dhomas | kang wisma anèng Mêtawis | mangke dadya kalih nambang | sêmona sampun amukti | Kyai Agêng Mêtawis | akathah kang anak putu | tan ana karyanira | wong prapta andina mintir | atur-atur dhêdhaharan myang wowohan ||
21. padhusunan ing Mataram | kalangkung êloh jinawi | pasitèn gêsik ajêmbar | kalawan pasir awukir | tanna winaon malih | tuwin pacangkraman agung | dharatan lawan toya | miwah pacangkraman adi | saparane toya wêning sêsumbêran ||
22. pan asuka awibawa | kyai agêng ing Mêtawis | lan sakulawarganira | kang para putra amukti | tanna winalangati | ing karsanira atutug | pirang taun sêmona | nutug dènira amukti | sampun mangsud pinundhi wong sa-Mêtaram ||
23. risampunira mangkona | ya ta Rahadèn Ngabèi | Loringpasar angandikan | malêbêd ting[52] dalêm puri | lan Ki Juru Martani | kêkalih lênggah nèng
--- [f. 163r] ---
ngayun | nyai agêng tan têbah | ki gêdhe ngandika aris | mring kang putra Angabèi Loringpasar ||
24. ingsun atakon ing sira | apa têmên sira kaki | tansah anggawe sanjata | sadandananing ajurit | balik ta sira kaki | satuhune apa purun | amungsuh Sultan Pajang | ing akèh myang padha siji | ya ta matur Radèn Ngabèi Lorpasar ||
25. yèn sampun amênggah bapa | ing pundi gène kapanggih | kang rama aris ngandika | mulane sira awani | sultan ing Pajang sêkti | Rahadyan Ngabèi matur | duk kula monakawan | sultan anèng ing jro puri | wontên blarak kang tiba nolih sang nata ||
26. lan malih dhahar sêdhêngan | duk mêncarot[53] ingkang warih | sultan sêmana anglênggak | kagetan ulun wêstani | mèsêm kang rama angling | sarwi putrane rinangkul | dèn aras kang mastaka | agêdhe budimu kaki | lah Ki Juru pêkênira dèn prayitna ||
27. ing benjang sapungkur ingwang | dipun èngêt ing prakawis | lan malihe mantuningwang | ingkang aran Ratu Èstri | anake iku pasthi | kalangkung kasêktènipun | durung kongsi akrama | cinupêt dening Hyang Widi | yèn awèta iku duraka ing bapa ||
28. baya iku wus dilalah | rabi gène ngêrêbuti | ing lami datan winarna | kyai agêng ing Mêtawis | nyandhak gêrah nglayadi | sampun karsaning Yyang Agung | puput kang panjênêngan | para putra anungkuli | ingkang layon mapan [ma...]
--- [f. 163v] ---
[...pan] sampun binêrsihan ||
29. layon sampun kinapanan | gumêrah syaraning tangis | sinarèkên[54] ing Mêtaram | sigêgên kang sampun lalis | ingkang kari prihatin | garwa lawan anak putu | miwah kang kulawarga | jalu èstri samya nangis | ingkang kari sadaya samya kasmaran ||
46. Asmaradana
1. anênggih Radèn Ngabèi | arsa putusan mring Pajang | atur uninga wiyose | kang rayi ingkang dinuta | mangkat sangking Mêtaram | datan winarna ing ênu | wus prapta nêgari Pajang ||
2. anjujug rêkyana patih | saature pinariksa | anulya binêkta age | sohan dhatêng sri narendra | ing srimênganti prapta | kêkalih sami alungguh | wêling atur tinimbalan ||
3. asigra rêkyana patih | kalayan putra Mêtaram | wus munggèng ngarsa sang katong | kangjêng sultan angandika | kulup kinongkon apa | sira aseba maring sun | Radèn Jambu atur sêmbah ||
4. pukulun sri narapati | ulun dinuta pun kakang | ngaturakên ing sêmbahe | ing mangke raka paduka | sampun atilar donya | sumăngga karsa sang prabu | nêgari dalêm Mêtaram ||
5. sang nata ngandika aris | ki raka Gêdhe Mêtaram | wus tumêka ing pasthine | karasa kelangan kadang | mungguhing jênêng ingwang | nanging mêngko karsaningsun | kang prayoga gêntènana ||
6. kakangira Dèn Ngabèi | iku yogya gêntènana | patih utusana age | barênga lan sutaningwang | jênêngona Mêtaram [Mêtara...]
--- [f. 164r] ---
[...m] | kalawan pitungkas ingsun | iku sira dhawuhêna ||
7. anamaa Senapati | anak ingsun ing Mêtaram | yèn durung patang puluhe | aja seba marang Pajang | yèn durung kalakona | atur sêmbah Radèn Jambu | sampun mêdal sangking pura ||
8. tanapi rêkyana patih | sapraptane pagêlaran | wus amatah punggawane | kang badhe anjênêngana | marang nagri Mêtaram | rahadyan sampun tinundhung | mangkat lan punggawa Pajang ||
9. datan winarna ing margi | wus prapta nagri Mêtaram | kang duta lajêng lampahe | ingaturan ing jro pura | sampun tata alênggah | Radèn Ngabèi agupuh | kang duta aris anêda ||
10. timbalane sri bupati | kang dhawah dhatêng kawula | paduka kinêrsakake | gumantia ingkang rama | sarta pinaring nama | dhumatêng ing rama prabu | Senapati ing Mêtaram ||
11. rahadyan umatur aris | kawula dhatêng sandika | tan lênggona ing karsane | pan nêgari ing Mêtaram | darmi dcasad[55] kawula | kagungane sang aprabu | kawula botên rumăngsa ||
12. datan kawosa darbèni | sadaya kagungan sultan | wus pinêpêk santanane | miwah kang mantri sadaya | andhèr ing panangkilan | sigra jêjênêng sang prabu | dhawuhakên kang timbalan ||
13. kănca mantri ing Mêtawis | ing mangke sami ngèstokna | rahadèn kinêrsakake | ing kangjêng sultan ing Pajang | gumantia kang rama | lan karsane sang aprabu | amaringi ingkang
--- [f. 164v] ---
nama ||
14. Senapati ing Mêtawis | radèn sampun ingestrenan | para mantri sakathahe | ingandikan mring jro pura | lajêng sami drawina | kasukan muput sadalu | enjing mangkat kang putusan ||
15. datan winarna ing margi | wus prapta nagri ing Pajang | sampun katur utusane | kawarnaa ing Mêtaram | sasedane kang rama | sampun jangkêp patang puluh | dina arsa marang Pajang ||
16. Ki Juru Martani angling | dhatêng kang putra sêdaya | padha adandana kabèh | sun gawa seba mring Pajang | asaos kangjêng sultan | sadaya aja na kantun | angiringa kakangira ||
17. têtilare kang suwargi | miwah kang rajabêrana | apadene ni bok ipe | kalawan ingkang pacara | padha sadiyakêna | iya dina besuk esuk | ingsun mangkat marang Pajang ||
18. budhal sangking ing Mêtawis | Ki Juru kang ngirid lampah | anadene pacarane | lumampah ana ing ngarsa | miwah kang para putra | para sêlir nitih tandhu | yèn tinon kadya wong ngarak ||
19. lumampah sadalu margi | enjing praptang[56] nagri Pajang | anuju ing dintên Sênèn | sang nata amêgêlaran | pacara kèri kanan | badhaya kalih panglajur | lir pendah ratu jêjaka ||
20. pinarak ing sitiinggil | kaêmbanan singangsana | kancona ana manike | ujyalanira sang nata | kadya wulan purnama | kang wadya kucêm tumungkul | kangjêng sultan [su...]
--- [f. 165r] ---
[...ltan] kadya surya ||
21. sadaya samya anangis | Ki Patih Măncanêgara | kang munggèng ngarsa sang katong | lawan Pangeran Bênawa | sagung para punggawa | santana lawan tumênggung | jêjêl anèng pagêlaran ||
22. Kyai Juru Amêrtani | anjujug waringin kêmbar | sadaya samya apepe | katingalan mring sang nata | kang putra tinimbalan | Senapati lan Ki Juru | cumundhuk ngarsa sang nata ||
23. Senapati angabêkti | mangaras pada suku sang | Kyai Juru matur alon | nyaosakên kang têtilar | ki agêng ing Mataram | sumăngga kêrsa sang prabu | punika ingkang kagungan ||
24. sang nata jêngkar tinangkil | ginarêbêg ing padhaya | wus pinarêk ing kadhaton | Senapati angandikan | lan kang rayi sadaya | ingkang ngirid Kyai Juru | lan para sêlir sadaya ||
25. kangjêng sultan ngandika ris | Ki Juru dèn para ngarsa | punapa ginêrahake | ki raka Gêdhe Mêtaram | manira tan anyana | aglis atilar maringsun | angrasa kelangan kadang ||
26. mung pêkênira kang kari | Ki Juru dadia tuwa | kang momonga ing putrane | Ki Senapati Mêtaram | wus kaya gone yoga | ingsun karya putra sêpuh | ana ing nagri Mêtaram ||
27. Ki Juru ingkang prayogi | pêkênira ngêmbanana | mring anak ingsun Ki Gêdhe | Kyai Juru aturira | lan malih kang têtilar [tê...]
--- [f. 165v] ---
[...tilar] | para sêlir garwanipun | nuwun punapa kang karsa ||
28. Sultan Pajang aningali | mring têtilare kang raka | marang sêlir myang garwane | ana wanodya satunggal | pan anyar katingalan | sultan galihira ayun | aris ingkang pangandika ||
29. anak ingsun Senapati | èstri siji iku sapa | kang putra alon ature | inggih punika pun biyang | pan lagya minggah anyar | sarêng angsal pitung dalu | pun rama anulya gêrah ||
30. sultan angandika aris | Ki Senapati Ngalaga | bokira gawanên kabèh | kang anom palakèkêna | dadiya rewangira | nanging kang sawiji iku | ingsun ingkang ngrawatona ||
31. wus sira muliha kaki | marang ing nagri Mêtaram | aja nuli seba age | angantia sabên warsa | ing pêndhaking katiga | Senapati awotsantun | mangaras pada sang nata ||
32. miwah para putra sami | mangaras pada narendra | Ki Juru nuwun pamite |[57] lèngsèr sangking ing ngayunan | wus mangkat sangking Pajang | datan kawarna ing ênu | Senapati Ingalaga ||
33. prapta ing Mayang prihatin | angucap jroning wardaya | wus tumêka ing pasthine | kinon wani marang sultan | wiwit agawe cidra | ilang jangjine karuwun | sangêt sakite kang manah ||
34. Senapati ing Mêtawis | kandhêg anèng desa Mayang | sakèhe para ibune [i...]
--- [f. 166r] ---
[...bune] | wus prapta nagri Mêtaram | Senapati Ngalaga | anèng Mayang apitêkur | sarwi têbah-têbah jaja ||
35. kalangkung susah kang galih | karasa ingkang têtinggal | dening sultan ing cidrane | tan nganggo kagêl[58] ing manah | paran ingsun bêcika | Ki Tumênggung Mayang matur | kawula anuwun kakang ||
36. punapa kang dados galih | kawula jinarwanana | dene asangêt rêntênge | Senapati angandika | yayi wêruhanira | Sultan Pajang cidra sanggup | tan tulus ingkang ubaya ||
37. dene anyidrani jangji | mendahane yèn kawasa | kala nibakên[59] jangjine | tan kêna alap-ingalap | singa ingkang siliba | ayya tutug jênêngipun | têngka[60] manggiha cintraka ||
38. singa tilara rumiyin | kang kari lir gèn ayoga | sultan iki ta ing mêngko | dadi nora wêdi mring Yyang | sigra Tumênggung Mayang | alon dènira umatur | kawula mirsa wirayat ||
39. sangking susunan kang adi | rusake nêgari Pajang | yèn ana anak putune | Kyai Gêdhe ing Mêtaram | tètès gêtih nèng Pajang | tan antara rusakipun | punika pamirsa kula ||
40. tan ngandika Senapati | dining amirsa wirayat | karasa èwêd manahe | alăngka yèn kalakona | tètèse kang ludira | Kyai Senapati muwus | yayi paran karsanira ||
41. ingsun kewuhan kêpati | miyarsa basa wirayat |
--- [f. 166v] ---
Tumênggung Mayang ature | kakang yèn suwawi karsa | inggih rêmbag kawula | paduka kondur rumuwun | kawula kang ngakalona ||
42. sabudi kawula benjing | sok uga kalampahana | anak putune Ki Gêdhe | tumètèsa kang ludira | wontên kadhaton Pajang | nanging kakang jangji ulun | yèn kawula manggih baya ||
43. inggal paduka tulungi | Kyai Gêdhe Senapatya | ngandika dhatêng arine | kadar ngong sêsanak pira | liyaa maring para | barênga mati lan ingsun | yayi ayya ganti dina ||
44. risampuning rêmbag dadi | Senapati Ingalaga | kondur mring Mêtaram age | wus rawuh nagri Mêtaram | ênêngêna saksana | nêgari Pathi winuwus | Kyai Agêng nandhang gêrah ||
45. prapta karsaning Yyang Widi | Ki Agêng anandhang gêrah | tan asuwe ing sedane | kang putra wus marang Pajang | arsa atur uninga | tan kawarna lampahipun | wus prapta nagarèng Pajang ||
46. sang nata lagya tinangkil | pinarêk ing pagêlaran | kang punggawa pêpêk andhèr | ya ta putra Kasantênan | lajêng ing lampahira | apepe waringin kurung | katingalan ing sang nata ||
47. kinèn amariksa aglis | lamun putra ing Santênan | sang nata pangandikane | sira timbalana inggal | ingkang kinon wotsêkar | kang pepe waringin kurung | sampun kering ing putusan ||
48. prapta ing ngarsa nêrpati | lajêng mangaras suku sang | lir konjêm siti mukane | kangjêng sultan angandika | lah kulup ana apa | kang dinangu awotsantun | kawula atur uninga ||
49. ing paduka sri bupati | pun bapa mangke pralena | sang nata pangandikane | ingsun kulup tan anyana | tilare [tilar...]
--- [f. 167r] ---
[...e] ramanira | nora nana wartanipun | ing gêrahe rama para ||
50. dipêtêk ana ing ngêndi | layone kakang Santênan | kang putra atur sêmbahe | anênggih raka paduka | binêkta dhatêng Dêmak | sinare ing Kadilangu | dagane kangjêng susunan ||
51. ngandika sri narapati | patih panjênêngan ingwang | kari lola ingsun dhewe | dhingin ki raka Mataram | mêngko kakang Santênan | amung kari jênêng ingsun | pinasthi pisah lan kadang ||
52. kangjêng sultan angdika[61] ris | ing mêngko ta karsaningwang | sira ingsun gêntèkake | marang ki raka Santênan | patih angèstrènana | ing jênênge anak ingsun | nama Dipati Santênan ||
53. sadaya samya ngèstrèni | ing jênênge adipatya | sang nata pangandikane | lah kulup sira muliha | marang ing Kasantênan | sang nata jêngkar ngadhatun | punggawa bubar sadaya ||
54. Dipati Pathi wus mulih | sangking nêgari ing Pajang | tan winarna ing lampahe | wus prapta nagri Santênan | mêpêk mantri punggawa | lajêng kasukan sadalu | sarêng injing nulya bubar ||
55. sang adipati ing Pathi | sampun amukti wibawa | saya gêmah nêgarane | sinigêg ing Kasantênan | ya ta Tumênggung Mayang | adarbe putra abagus | awêsta Radèn Pabelan[62] ||
56. nanging karyane anilib | dadi wawêri nagara | tan pilih nak rabining wong | warah wuruk tan pinirsa | tansah dadi rêrasan | ya ta kiyai tumênggung | ingkang putra tinimbalan ||
57. tan adangu nulya prapti | nèng ngarsane ingkang rama | radèn tumungkul lungguhe | kang rama aris ngandika | dhumatêng ingkang putra | sira iku anak isun | lêlèmèrên gawenira ||
58. sapa kang sira cidrani | umatur Radèn Pabilan | tan ngangge kêlir ature | inggih sayêktos kawula | aolah pala cidra | tan namung siji kang kayun | pênêt mantri lan sudagar ||
59. ki tumênggung ngandika ris | adhuh anak ingsun nyawa | eman [e...]
--- [f. 167v] ---
sah
[...man] têmên lan rupane | têka barancah ing karsa | ingsun nora mangkana | dadya rewangana lampus | oliha padha kusuma ||
60. kang karasa anuwuki | anake kang mutêr Jawa | ingsun nyawa tuduh bae | yèn sira arsa bedhanga | lêhêng putrane sultan | mingsih kênya tur pinunjul | lawan pawèstri sadonya ||
61. rahadèn umatur aris | inggih wining kawula |[63] rama agadhah karsane | dening kewêdan ing marga | lan malih bok tan arsa | punika putraning ratu | kawula tiyang punapa ||
62. ki tumênggung ngandika ris | ingsun kang atuduh marga | têmpuhêna maring ingong | yèn sira nora kinarsan | ika langkung diwasa | amêpêg birainipun | lan sira nora kuciwa ||
63. ya ta arêgêp kang galih | radyan kaya ge panggiha | dhasar wus mirsa lamine | ya ta Ki Tumênggung Mayang | karya sêrat wêwêran | cinanthong lan sêkar mênur | cinarub gambir lan pacar ||
64. ungêle kang punang tulis | kang sêrat Radèn Pabelan | katura Ratu Kêdhaton | ingkang sawang rêtna mulya | awiyos ingsun mirah | umarêk andika ratu | ngaturi pakêmit mirah ||
65. langkung dahat kumawani | lir sêmut angrangsang arga | dene tanbuh polah ingong | kasmaran dening pawarta | dadya kawula mirah | karsa marêk dalu-dalu | tan etang kawula pêjah ||
66. sampuning kang sêrat dadi | linêbêtakên jro sêkar | lah kulup miyanga age | madhêpa ing galedhegan | yèn ana èstri mêdal | kang salendhang alam santun | dêdêge cebol kapalang ||
67. iku êmbane sang putri | sêkar iku aturêna | sok katampanana [katampa...]
--- [f. 168r][64] ---
[...nana] bae | kang sêkar nulya tinapan[65] | radyan mring galedhegan | măngsa para |[66] nyai sami nubas[67] sêkar ||
68. ya ta sêmana marêngi | êmban kang cebol kêpalang | Radèn Pabelan dêlinge | nyai kandhêga sakêdhap | arsa mring pundi dika | ni êban[68] rêsêp andulu | radèn nulya sinauran ||
69. manira bane sang putri | ingutus anubas sêkar | punapa marmaning takèn | Radèn Pabelan anabda | alah dika kangelan | punika sêkar sawungkus | katura kangjêng ratu mas ||
70. Êmban Pêgandan napani[69] | ingukapban[70] sêkar pacar | lan gabir[71] mênur rowange | Êban Pêgadan[72] anabda | alah tuku mring pasar | dhadhêmêne gustiningsun | sêkar mênur lawan pacar ||
71. atarima ingsun iki | aglis wangsul nyai êban | dèn aturakên gustine | sang ayu angarsa-arsa | kang sêkar tinapanan | ingukapban isi mênur | sinawur gabir lan pacar ||
72. ing jêro amawi tulis | winaca sinukming[73] nala | sa dyah garjita manahe | kêsmaran miyarsa surat | dhasar nêdhêng diwasa | kalêbon dhêsthi panglurum[74] | kadya ana sumandhinga ||
73. ni êban dèn têtakoni | biyang iki rêga pira | dening mung olih sêmene | ni êban aris aturnya | satuhune punika | gusti botên angsal tuku | têtiyang susung kewala ||
74. biyang apa ikang warni | ni êmban aris aturnya | yèn warnine maksih anom | tingal kawula jêjaka | dede wong corah-corah | sang dyah anglês dènnya ngrungu | nulya mugah pasarean ||
75. ênêngêna sang aputri | kocapa Radèn Pabelan | sampun prata ing ngarsane | matur yèn sampun katampan | mring êbane ratu mas | kang rama suka [su...]
sah
--- [f. 168v] ---
[...ka] kêlangkung | dening sêkar wus katampan ||
76. agyis[75] surup sang yang rawi | kang putra wus rinasikan | dinus ing dhêsthi pangawe | dhuwungira sinalinan | ki tumênggung ngandika | aja liyan sira jujug | ana bangsal ingkang têngah ||
77. yèn ana ngarsa kamuning | jajar roro iku iya | ngisor ana jambangane | iku têka paranana | madhapa[76] anèng natar | pradening[77] nuli katêmu | kang ngarêp-arêp ing sira ||
78. ya ta wayah sirêp jalmi | nulya dèn atêr kang putra | dèn têlasakên wêlinge | yèn ing bejang arsa mêdal | usapên bata mêndhak | wus prata ing pagêr banun | ingusap anulya mêndhak ||
79. ki tumênggung tuhu sêkti | kulup sira malêbua | wus winuruk ing èsmune | pinrih aja bisa mêdal | sampun malêbèng bata | ki tumênggung nulya mantuk | rahadyan ingkang kocapa ||
80. pan awayah titisoni | sang putri tan arsa nedra | wus busana adi kaot | dhasar wong ayu diwasa | nuju ana kang karsa | cahya lir wulan awêlu | sêdhênge lagya purnama ||
81. asinjang limar katangi | kasêmêkan ijo dhulang | pinarada pêpinggire | sasampuning awiraga | ngandika jroning wardaya |[78] moal wania malêbu | maring ngêndi goning mêdal ||
47. Mijil
1. parêkane pan samya aguling | nanging sang lir sinom | sampun dalu tan arsa asare | yèn angucapa sang kusuma di | apa baya sêkti | sagupe[79] malêbu ||
2. sang kusuma mêdal praptèng jawi | anjujug pinondhong | angolang-ngaling tanbuh polahe | Radèn Pabelan umatur aris | sampun rongèh gusti | dulunên katèngsun ||
3. sang rêtna yu pamuwuse manis | dening sumaringoh | baya bosên mangan woh damine [da...]
--- [f. 169r] ---
[...mine] | malêbu age amondhong putri | kadar wong ing ngêndi | wani mring kêdhatun ||
4. Radèn Pabelan amuwus aris | atabêt maringong | Ki Tumênggung Mayang atmajane | nora ana Pabelan kêkalih | ngaturi pakêmit | malêbèng jinêm rum ||
5. sarwi ingaras sa dyah ngigati | sêmuning wirangrong | apa gapang[80] wong ngaras pipine | lamun durung apêpadon dhimin | mênawa tan yêkti | ayya age ngabung[81] ||
6. sa dyah binêkta migah tumuli | malêbêt ing kabong | angêndika ing jro wêrdayane | katur ing rama ingsun angêmasi |[82] kadar[83] ta wong iki | polahe abêsur ||
7. sang dyah ayu angêsês anangis | dene manah cêlor | sang kakung ngari-arih sêbdane | aja nangis gusti sun labuhi | nora jrih ing pati | yèn asih maring sun ||
8. yèn adika[84] lumuh mring kang abdi | amit gustiningong | mupung dèrèng kajarwan sun anggèr | kèmêngan manahira sang dèwi | arsa dèn indhani | sihira kalangkung ||
9. dèn tutugêna gènnya karonsih | bok tong iki linyok | tuwas rusak sarira ngong kiye | wêkasan anglampus ambêk pati | dadya anglawani | sakarsane kakung ||
10. sasampunira akaron rêsmi | mega bang sumarot[85] | nulya tinundhung sira rahadèn | wus muliha kang wayah mèh ejing | kakung nulya amit | wancinira bangun ||
11. dhatêng ing pagêr bata tumuli | dèn usap kang banon | nora mêndhak wuruke ramane | pan angrasa
--- [f. 169v] ---
linêbokkên pati | ingusap ping kalih | radèn nuli wangsul ||
12. wus apanggih kalawan sang putri | tan pisah kararon[86] | wus raina maksih ing jro langse | wus rumasa mati jroning puri | marmane abali | payo sarêng lampus ||
13. wus tigang dina ngêkêb jro samir | tan pêgat kararon | yèn adhahar mundhut ing jro langse | raina sinasaban gêguling | yèn dalu karêsmin | praptèng pitung dalu ||
14. ni êmban ika micarèng ati | maring sang lir sinom | salawase sang dyah tan mangkene | pitung dina anèng jroning samir | sun wêtara ngati | kaya mawi kakung ||
15. duk dau[87] kala ingsun anglilir | garêndêm wong roro | yèn raina anutug asare | bok enya nora eca kang ati | lah payo niliki | ni êmban amuwus ||
16. yèn nyataa kadar wong ing ngêndi | wani mring kadhaton | sun arani basên[88] ing uripe | ni enya sigra dènnya nauri | ayya anggêgampil | rêksanên gulumu ||
17. yèn dalu tuhu syaraning kalih | sêbdane kararon | manawa êjim rêrowangane | ing mêngko payo api aguling | tinêlik dèn dhêmit | yèn nyata umatur ||
18. ya ta ing wêngi samya pi guling | sang dyah lagya miyos | sarwi ingêmban marang kakunge | pan waspada ni êmban ningali | tuhu yèn sutaning | sira ki tumênggung ||
19. Radèn Pabelan ingkang wêwangi | wong roro waspaos [waspao...]
--- [f. 170r] ---
[...s] | ing sasolah tingkahe gustine | byar raina nikèn êmban kalih | lumajêng kêpati | umatur sang prabu ||
20. mapan sarwi tawan-tawan tangis | prapta ngarsa katong | kangjêng sultan aris pandangune | lah matura ana apa puri | nuhun patik aji | sumăngga ing lampus ||
21. ing kaputrèn sinaba ing jalmi | kang pandung kinaot | putra tuwan wus carêm yêktine | dènnya panggih sampun pitung bêngi | kang asaba puri | sutane tumênggung ||
22. kang awasta pun Pabelan gusti | ngandika sang katong | wadyaningsun tamtama dèn age | lah cêkêlên yèn rosa dèn mati | dening kumawani | malêbu kadhatun ||
23. ingkang kinon sarêng awotsari | lèngsèr ngarsa katong | wong kawan dasa sigra lampahe | sapraptane salêbêting puri | kewuhan kapati | sang putri akumpul ||
24. wus angrasa sang dyah yèn ngêmasi | anêdya rêrêmpon | wong tamtama asru pangucape | sapa wonge mêtua dèn aglis | sira wani-wani | malêbèng kadhatun ||
25. aja sira nganggo wêdi-wêdi | karsane sang katong | kangjêng ratu mas pinanggihake | lawan sira aja gung kuwatir | sang nata tan amrih | patinira iku ||
26. Radèn Pabelan lêga ing ati | tinilar sang sinom | sampun pisah prapta ing jawine | wong tamtama sarêng anuduki | radèn amalêsi | kris tinampèl putung ||
27. dhuwung anyar tur othèk ganjaning | tan amawi waos | dadya binarubuh sira radèn | tan pasah sapisan pining kalih | wasana nêdhasi | ludira sumêmbur ||
28. sêsalangira nulya
--- [f. 170v] ---
ngêmasi | wus binakta miyos | tuhu Tumênggung Mayang sutane | sang nata narka yèn dèn pasangi | patine dèn êprih | anèng jro kadhatun ||
29. si tumênggung ala sun arani | amimiti raos | Tumênggung Mayang mirsa wartine | yèn putrane mati nèng jro puri | aloking jro ati | api tan angrungu ||
30. sri nalendra putusan mriksani | pawèstri kang kinon | ki tumênggung tan owah manahe | dadya amicarèng jroning ati | ing Pajang wus pasthi | tuhu rusakipun ||
31. iki anak putuning Mêtawis | pêjah jro kadhatun |[89] kaping kalih angalap radhane | apa ingkang winalang ing ati | tan ngeman sang aji | panjênênganipun ||
32. kangjêng sultan wus apêpotang jangji |[90] mangkana sang katong | sapêjahe tumênggung sutane | asru analăngsa ing jro galih | dening têkèng pati | èstrine tan tumut ||
33. lawan iki nak putu Mêtawis | kemutan sang katong | uni jangji yèn wutah gêtihe | kocapa Ki Gêdhe Senapati | anèng ing Mêtawis | sata kang inguwuh ||
48. Pangkur
1. tan pêgat gêragol[91] sangsam | miwah banthèng miwah kang ana warih | kinarya mangan anginum | lan sanake sadaya | têtilare Kyai Agêng ing Mêtarum | ngetang putrane sadaya | ingkang sêpuh Senapati ||
2. panggulu Tumênggung Mayang | nulya malih Pangeran Mangkubumi | lan Pangeran Singasantun | wontên malih kang nama | Pangran Tumênggung Gagak Banin puniku | anulya Pangeran Răngga | Pangeran Made sumêndhi ||
3. jangkêp pêpitu kang priya | kang awasta Pangeran Mangkubumi | Radèn Jambu kala timur | Pangeran [Pange...]
--- [f. 171r] ---
[...ran] Singasêkar | kala alit Radèn Santri wêstanipun | pangran tumênggung punika | Gagak Banin kala alit ||
4. Radèn Tompe wastanira | kawarnaa ingkang putra pawèstri | nêmbêlas ing kathahipun | anadene kang atuwa |[92] Nyai Gêdhe ing Mayang nulya rinipun | anênggih ingkang anama | Nyai Gêdhe Dhadhaptulis ||
5. Nyai Gêdhe Panjangjiwa | nyai gêdhe ing Tanjung ingkang rayi | lan nyai gêdhe ing Ngarum | nyai gêdhe ing Pucang | lawan Nyai Gêdhe Mangir wastanipun | Nyi Gêdhe Sawakul ika | Nyi Gêdhe Samawoyèki ||
6. Nyai Gêdhe Pêlêm ika | Nyai Gêdhe Ngasêm arine malih | Nyi Gêdhe Kaceme iku | nyai gêdhe ing Ngrăngga | nyai gêdhe ing Karêsèn arinipun | Nyi Gêdhe Silarong nama | Nyi Gêdhe Gambiran nênggih ||
7. tiga likur ingkang putra | jalu èstri kang sêpuh Senapati | samana kala akumpul | lan kang para santana | apêpêkan samya amangan anginum | ing sabên dina mangkana | arang mulih mring wismaning ||
8. sasampuningra[93] mangkana | Kyai Juru kang putra dèn parani | aris dènira amuwus | Ki Gêdhe Senapatya | ayya tungkul dera amangan anginum | nêdha seba maring Pajang | apanggih lawan sang aji ||
9. darbea karsa punapa | kangjêng sultan binêktenan rumiyin | kalayan ubayanipun | ari Tumênggung Mayang | ubayane lamun kalakon sang prabu | mêdalakên kang ludira | ing anak putu Mêtawis ||
10. tumulya sira adadan | wus samakta Ki Gêdhe Senapati | lan para sêntananipun | budhal sangking Mêtaram | tan kawarna ing marga anulya rawuh | kandhêg anèng desa Mayang | anganti ing Sênèn [Sênè...]
--- [f. 171v] ---
[...n] benjing ||
11. matur Ki Tumênggung Mayang | pan kalami[94] kawula ngati-ati | rèh paduka ginarumung | dening mantri ing Pajang | anging kangjêng sultan kukuh galihipun | piyandêl dhatêng paduka | sokur kakang nuntên prapti ||
12. mapan sampun kalampahan | rêmbag uni sampun ulun lêbêti | anyêlir ing putranipun | malah dhumatêng pêjah | pun Pabelan putrine tan tumut lampus | ya ta ejing dina Soma | sang nata miyos tinangkil ||
13. mangkat sangking desa Mayang | Kyai Gêdhe Senapati wus prapti | galedhegan karsa mudhun | Ki Juru nora suka | lah ing mangke mudhuna ing alun-alun | katingala dening sultan | dènira ngêndhêggên[95] èsthi ||
14. sampun prapta pagêlaran | ing ngayunan gènnya ngêndhêgkên èsthi | garjita kang mantri agung | polahe Senapatya | katingalan sang nata ngandika arum | Senapati Ingalaga | anggege karaton mami ||
15. sanadyan si mangkanaa | nora kêna ginege ing măngsa iki |[96] yèn tan dèrèng ungsumipun | timbalana nak ingwang | lan Ki Juru wus prapta ngarsa sang prabu | kangjêng sultan angandika | lah bageya anak mami ||
16. kayaparan ing Mêtaram | satilare ki raka wus abêcik | Senapati nêmbah matur | nuhun antuk kang bêrkat | kang pinundhi angandika sang aprabu | lêga rasaning tiningwang | sira aseba mariki ||
17. Kyai Gêdhe Senapatya | aturira sanadyan batên prapti | mapan obahe kang wulu | kawêngku manah tuwan | datan samar awon lawan saenipun | gumujêng sultan [su...]
--- [f. 172r] ---
[...ltan] miyarsa | nanging sira sun wangêni ||
18. sataun seba ping tiga | mapan sêdhêng ing Pajang lan Matawis | wus muliha anak ingsun | Senapati anêmbah | nulya ngaras padanira sang aprabu | miwah kang rayi sêkawan | gênti samya angabêkti ||
19. bubar sangking panangkilan | mapan kandhêg ing Mayang tigang lastri | Ki Tumênggung Mayang matur | kadipundi ing karsa | dene sampun kalampahan jangjinipun | Senapati Ingalaga | ngandika dhatêng kang rayi ||
20. wruhanira yayi ingwang | amung mangke manira wruh ing ngriki | sadadine awak ingsun | matur Tumênggung Mayang | yèn makatên kakang kawula jrih kantun | lêhêng kawula tumuta | Senapati ngandika ris ||
21. ayya ge yayi mêngkana | balik sira sun gawe pasanggiri | sok aja anuli lampus | sun labuhi ing benjang | nging sun karya uba yayi sirèku |[97] sokur sira dèn sukarta | alah ingsun amiwiti ||
22. lah kantuna yayi sira | dèn abêcik ingkang uningèng wèsthi | kang rayi ature nuhun | kang raka nulya bubar | lampahira ing Mêtaram sampun rawuh | samana agênti warsa | Kyai Gêdhe Senapati ||
23. tan seba malih mring Pajang | saya gêmah nêgara ing Mêtawis | parentahira pan alus | eca kang wadyabala | kulawarga sadaya asih alulut | mring Ki Gêdhe Senapatya | dening kang sabda amanis ||
49. Dhandhanggula
1. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Kangjêng Sultan Pajang | sineba ing mantri kabèh | adipati tumênggung | pêcattăndha lan angabèi | arya răngga lan dêmang | pandêlêganipun [pandê...]
--- [f. 172v] ---
[...lêganipun] | adhi bèi kandhuruan | waduaji tumungkul muka nèng siti | pada ngrêpa manêmbah ||
2. Sultan Pajang pinarak Sitigil | kaêmbanan dening singangsana | kancana ana manike | dèn lêlèmèki babut | pan maliyo sinora-sari |[98] cahyanira sang nata | lir wulan awêlu | risêdhêng lagya purnama | dadya anon akucêm mangrêming ati | dening sultan lir surya ||
3. Sultan Pajang angandika aris | mangke wadya kang ana ing ngarsa | sira ngrungu ing wartane | Senapati puniku | anak ingsun anèng Mêtawis | dene lami tan aseba |[99] mapan wus sataun | sêdayane wis liwat |[100] sakatiga nora nyana yèn nyidrani | marang ing jênêng ingwang ||
4. seba ping tiga sataun mriki | sang yang surya mèh surupe ika | sêkar kuncup mêkar kabèh | dene wus jangjinipun | mapan ora kêna kagingsir | apa karane baya | putra ngong tan rawuh | Senapati Ingalaga | sajangjine kalawan ingsun ing nguni | mêngko cidra ing ujar ||
5. kangjêng sultan ratu dibya sêkti | manahira lir ăngsa anglayang | muluk salămba anane | sakèhe wadya ngrungu | padha kagyat sajroning ati | dene sami miyarsa | pangêndika ulun | wadya matur awotsêkar | jêng sang nata kawula miyarsa warti | Risang Sutawijaya ||
6. satuhune tan sohan nêrpati | arsa balik anganti jalaran | mantri pamajêgan kilèn | ingandhêg sadyanipun | kangjêng sultan ngandika aris | Ngabèi Wilamarta | Ki Wuragil iku | sira maringa [ma...]
--- [f. 173r] ---
[...ringa] Mêtaram | dèn waspada pratingkahe Senapati | Ngalaga ing Mêtaram ||
7. duta kalih sampun binisiki | mangusapi lêbu ing suku sang | duta kalih mêsat age | anitih kuda maprung | aglis prapta nagri Mêtawis | Senapati pan sonya | Lingpura[101] sinusul | sigra dhatêng ing Lipura | Senapati kapanggih luhuring waji | tan arsa yèn mudhuna ||
8. Kyai Gêdhe Wuragil sigra ngling | Ki Ngabèi Wilamarta nêdha | mudhun sangking jaran age | dhawuhakên kang wuwus | kangjêng sultan mring Senapati | Ngabèi Wilamarta | aris dènnya muwus | Ki Gêdhe Wuragil ika | jêngandika karsa mudhun sangking waji | Senapati Ngalaga ||
9. maksih amanggung anitih waji | jêngandika utusaning nata | nisthaning mantri tandange | dene mudhun karuhun | sangking kuda kang dèn timbali | maksih manggung nèng kuda | jêngandika iku | tan prabeda lawan sultan | kang angutus sarupa lan duta singgih | dening wus tunggal rasa ||
10. Kyai Gêdhe Wuragil sigra ngling | Ki Ngêbèi Wilamarta nêdha | mudhun sangking jaran age | adhawuhakên wuwus | Sultan Pajang mring Senapati | yèn tan wruh kang timbalan | rama ji pan mundhut | Senapati Ingalaga | duta kalih mangkya mudhun sangking waji | Senapati Ngalaga ||
11. maksih manggung anèng luhur waji | Ki Ngabèi Wilamarta mujar | Kyai Gêdhe Wuragile | tan linyok ujar ingsun | Senapati Ngalaga iki | mapan sampun uninga | yèn duta sang prabu | tan akarsa
--- [f. 173v] ---
ngudhunana | sangking jaran pêkênira lawan mami | tuhu duta kang nistha ||
12. Senapati angandika aris | Ki Wuragil lawan Wilamarta | baya ingutus sang katong | duta kalih amuwus | dahat ulun putraning aji | angêmban pangandikan- | ira sang aprabu | mangan nginum marènana | asebaa maring Pajang dipun aglis | lan kinèn akurèswa[102] ||
13. duta kalih sinauran angling | sarta maksih manggung luhur kuda | matura mring sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmarèni | angalap patilasan | lawan garwanipun | sarta kinèn marènana | mangan nginum apakêna ulun maksih | doyan nginum amangan ||
14. ulun kinon acukura iki | dening sultan kaya apa rema | tuwuh lan karêpe dhewe | pageneya cinukur | salah gawe ulun puniki | têka para matura | marang sang aprabu | yèn mangkono atur ingwang | duta kalih Wilamarta lan Wuragil | amit mulih mring Pajang ||
15. agya lampahira sigra prapti | ing pasohan sang nata sineba | matur mring sultan dutane | pangucape mlasayun | pan kapirsa ing para mantri | ature ingkang duta | marang sang aprabu | Senapati Ingalaga | asêmados kawula kinèn rumiyin | ubanggi anèng wuntat ||
16. arsa ingaturna ingkang wêling | Senapati kang duta tan arsa | dadi wiwitaning gawe | karane nora matur | pan cinupêt sakèhing wêling |
--- [f. 174r] ---
măngsa nora mirsaa | ing sêmune tanduk | sang nata anulya jêngkar | angadhaton sakathahe para mantri | samya bubar sadaya ||
17. datatita lingira ing nguni | kocapa Senapati Ngalaga | risêdhêng anèng dalême | pinarak lan Ki Juru | Amartani sigra dènnya ngling | Senapati Ngalaga | lir purnama iku | rèh andika pakênira | nora seba ingandikan rama aji | tan wande linurugan ||
18. ulun iki angaturi peling | kadipundi yèn kita mungsuha | sapa kang kinarya tamèng | mantrinira tan purun | yèn adunên lawan sang aji | Sultan Pajang digjaya | dibya sêkti dangu | têlik wetan ingkang dhustha | anêkani anyidra sri narapati | kapanggih lagya nendra ||
19. punang dhustha asru anuduki | kangjêng sultan eca gènnya nendra | lir kapêr mencok rasane | kampuhira tan butul | para garwa kagyat samya jrit | sultan kinarêbutan | kagyat nulya wungu | ningali kang para garwa | samya nangis gumarumung anèng siti | anarka yèn kabranan ||
20. layan mangke wongira Mêtawis | nanging dhomas cacahe somahan | yakti dudu timbangane | yèn mungsuha sang prabu | yakti kalah wadya Mêtawis | akêdhik lawan kathah | dede timbangipun | ngitunga kang para putra | tan asisih putra wadya kang sadhidhik | pan sèwu pandumira ||
21. rajaputra dununge ingkang sih | ajêjuluk Pangeran Bênawa | salêksa Jipang cacahe |
--- [f. 174v] ---
lirna kang para mantu | adipati ing Damak nênggih | sangang èwu kang bala | ana lyan kang mantu | anênggih Dipati Tuban | abêbala wong wolung èwu prajurit | mantu putu tan ngetang ||
22. adipati ing Bantên kêkasih | wadyanira nênggih pitung sasra | wong Mataram dhomas kèhe | wêsi karyanên balung | pan têmbaga karyanên kulit | apan otota kawat | agala[103] asungsum | tan wande rêmak kang dhomas | ginarumung dening wadya Pajang nênggih | apa margane mênang ||
23. lir antigan sela ingkang kapit | wong Mêtaram upama antigan | wadya Pajang lir selane | pasthi tigan kang rêmuk | ulun karya upama malih | duryan wadya ing Pajang | Mêtaram lir timun | yakti măngsa tumandhinga | ingkang timun pala duryan anindhihi | jênêng duryan kang mênang ||
24. kadya sasi wadya ing Mêtawis | pama surya wadyanirèng sultan | yèn raina mijil age | sasi kucêm dinulu | merang maring ujyala nênggih | pasthi surêm kang cahya | dening surya dulu | pama gêni wong Mêtaram | wadya Pajang lir udan mijil ing langit | gêni sêksana pêjah ||
25. kadipundi ta Ki Senapati | pêkênira amungsuha sultan | lir kita ngunggahi dhewe | ngandêlakên yèn têguh | rosanira dibya myang sakti | têpung pupu ing benjang | akantaran bau | lan ramanira jêng sultan | ulun iki amirang kucêm ningali | muka mantri ing Pajang ||
26. mendahane kapirsaa nênggih |
--- [f. 175r] ---
lyan nagara tuwin ratu sabrang | kang sêngit asru guyune | dene mungsuh sakuthu | yakti narka kang lyan nêrpati | Senapati Ngalaga | ènthèng yèn minusuh | katuju wania aprang | mungsuh yayah karasa tan madhani |[104] dening suta lan yayah ||
27. pangrasane atiningsun iki | lamun sira mungsuha wong liyan | sapuluh Pajang gêdhene | tan gêgilapên tèngsun | najan ratu sanusa bumi | pan ingsun durung ulap | wus pantês wong jalu | yèn miyosi maring rana | ginarumung tinub ing sanjata bêdhil | suligi lêmbing tumbak ||
28. pakênira ta Ki Senapati | yèn mungsuha ramanira sultan | tigang prakara inane | kapisan mungsuh guru | kaping kalih amungsuh gusti | kaping tiga wong tuwa | ingkang para mungsuh | iya dudu kang ayoga | sasat bapa kalanira mêksih cilik | kinêmpit pinèt anak ||
29. liring guru ramanira aji | mapan kita winuruk ngagama | tatkala akil balège | tata sare'ngat putus | lawan sira winuruk ngaji | karosan kadigjayan | purwa dibya luhur | kita malêbèng sêgara | datan têlês ingambah lir anèng siti | ingabong tan gêsênga ||
30. lan maksalah[105] ngèlmi dadi mantri | myang dipatya miwah dadi nata | pan winurukakên kabèh | wutah sajroning kalbu | maring kita ramanira ji | purwane kita dibya | sêkti ambêk sadu | punapa winalêsêna | marang sultan pan kita sampun amukti | mangku rat bala dhomas ||
31. Senapati Ngalaga anangis | jroning [jro...]
--- [f. 175v] ---
[...ning] nala dènira miyarsa | ingkang paman pituture | ramanira Ki Juru | Amartani wutah dènnya ngling | Senapati Ngalaga | mangrêpa tumungkul | ngarasa yèn kabênêran | dyan sumilih Senapati ing Mêtawis | mlasasih aturira ||
32. Kyai Paman Juru Amartani | kadipundi ing rèh pêkênira | kang pundi manira angge | kunêng wong dadi ratu | dening lumuh manira iki | seba mring Sultan Pajang | inggih karsa ulun | têtêpa anèng Mêtaram | têkèng pati tumuruna anak bejing | myang putu buyut canggah ||
33. Kyai Juru Amartani angling | prayogane wicara manira | kita nênêdhaa age | maring Yang dipun asru | ingkang nyata aja kakêlir | Gusti lawan kawula | dèn wruh tunggalipun | kang sinêmbah mapan Alah | kang anêmbah nyatane iku pan gaib | lir satu lan rimbagan ||
34. yèn wis yata[106] tingalirèng Widi | lah têdhanên nagara ing Jawa | idhêpa ing sira kabèh | sakèhe para ratu | mapan kita dadia aji | sumèlèha ing Pajang | gampangêna iku | pintanên maring Yang Sukma | têmên-têmên kêna kêdap rasa sami | tunggal jalma myang Sukma ||
35. kaping kalih mintaa ing aji | ramanira walêsên kewala | anti-antinên tatane | tan awèta kawêtu | selanira mapan kaaksi | dening sri naranata | lir kadi pukulun | dêlingêna pan nalika | laku linggih polah muna lawan muni | pracina dadi nata ||
36. lamun kita asebaa isin | maring Pajang mintaa nêgara | têdhanên sangking ing kene | dene doh parêkipun | lamun nyata [nya...]
--- [f. 176r] ---
[...ta] wadya lan gusti | pan nora wêwangênan | ing Gusti Kang Agung | saangsike[107] ing kawula | kanyatahan lir srêngkara lawan manis | tan kêna pisahêna ||
37. mapan kita ya Ki Senapati | sampun nunggal rasa lawan sultan | loro dadi sanunggile | mapan tarkaning ulun | lamun sultan têkaning lalis | dede kang panjênêngan | amangku kaprabun | yakti anak kang atuwa | anggêntosi panjênênganira aji | najan anaa liyan ||
38. najan kathaha putrane aji | datan liyan kita kang atuwa | kinêmpit alit milane | kang dadi galihipun | nanging kita putra sajati | kang dadi pangauban | sakèhe kang sunu | sultan cahyane nurbuat | wus angalih marang kita sampun pasthi | anggêntosi sri sultan ||
39. sira Ki Senapati wus olih | ingkang ujar dadya tri prakara | kang dhingin wong atuwane | pindho sabdaning guru | kaping tiga sabdaning gusti | mapan dadi satunggal | yakti nora wurung | dènira jumênêng nata | nganti sangat sêlêkên maring Yang Widi | kita asru brăngtaa ||
40. datatita lingira ing nguni | kang kocapa mantri pamajêgan | padha liwat sakancane | ingandhêg karsanipun | marang Senapati Mêtawis | pamajêgan sadaya | cacah wolung èwu | ing sabên-sabên kang warsa | samya seba anrahakên bulupêti | ing Kangjêng Sultan Pajang ||
41. kawêrnaa Ki Bacor anênggih | sampun mangkat sangking wismanira | ing dhusun Ngroma wêstane | sarêng lan kancanipun | sampun dhatêng nagri Mêtawis | amisah pondhokira | Ki Bacor winuwus | tan rêmbug lan kancanira [ka...]
--- [f. 176v] ---
[...ncanira] | sadyanira Ki Bacor sawolèng kapti | lan kancane sadaya ||
42. sakathahe ingkang para mantri | pamajêgan wus mandhêg sadaya | arakit pamondhokane | sadaya samya suyud | marang Senapati Mêtawis | mung Ki Bacor punika | sadyanirèng kalbu | gène arsa ngayonana | digjayane Senapati ing Mêtawis | mangkana ciptanira ||
43. cinarita Ki Bacor ing nguni | bêbanthènge mantri pamajêgan | babang[108] pring kaduk kawanèn | nora kêna angrungu | wong micara kaduk sathithik | mèmpêr Ki Arya Jipang | wantêre kalangkung | ingugung mring Sultan Pajang | pan kinarya macane kang para mantri | pamajêgan sadaya ||
44. ingandikan mring Ki Senapati | mantri pamajêgan cumundhuk ngarsa |[109] abukuh ing palungguhe | samya jêjêl supênuh | mung Ki Bacor kang nora prapti | pamajêgan sadaya | samya saos atur | kawula atur uninga | abdi dalêm pun Bacor awon kang ati | sumăngga ingkang karsa ||
45. amiyarsa[110] ing ature mantri | Senapati Ngalaga ngandika | sun tarima ing ature | suka sajrone kalbu | aningali kang para mantri | Senapati Ngalaga | ambêk manah sadu | amundhut êbrêm waragang | para mantri sadaya dipun kalihi | sawêg tigang dhêdhasar ||
46. Senapati angandika aris | sakathahe kănca pamajêgan | dipun emut sadayane | padha mangan anginum | sabên dina ulun puniki | anumpu kang manjangan | sun karya anginum | miwah banthèng lan maesa | kidang kancil wêdhus kalawan jêjawi | tămbra ulam saraga[111] ||
47. ginulawênthah [ginu...]
--- [f. 177r] ---
[...lawênthah] sakèhe mantri | ingkang pantês binasanan papan[112] | pinaman-paman basane | ingkang pantês sinunu | binasanan suta sajati | ingkang pantês kinakang | kakang basanipun | kang pantês binasan uwa | binasanan saèstu uwa kang krami | kang pantês binasanan ||
48. ari mapan binasanan ari | ingkang pêrnah kaki basanira | kinaki-kaki kramane | mantri samya awuru | samya sênggag[113] sarya anglarih | ana kang ura-ura | kêkawin myang kidung | angêploki ing badhaya | Senapati Ingalaga suka galih | lan mantri pamajêgan ||
49. kalangênanira Senapati | angandika samya abêdhayan | kinarya samudanane | ajamang akêkalung | gêlang kana êmêr lan pênding | kilat bau kancona | asêngkang panunggul | intên cinawi apadhang | sang yang surya kasênênan kucêm isin | mapan maring ujala ||
50. padha năngga-năngga talam manik | wida sêkar gandane angambar | myang lisah jajêbadane | nulya lungguh ing pungkur | angandika marang ing mantri | pamajêgan sêdaya | angatak satuhu | anglisahi marang sira | amborèhi sêkare gajah anguling | tumrapa anèng kêrna ||
51. mantri pamajêgan padha wêdi | aningali marang para graha | dene rumakêt basane | palungguhe mabukuh | padha ngrêpa kongjêm ing siti | mukanira sêdaya | ambêk manah sadu | dening sampun bapa biyang | tarkanira mring Senapati Matawis | tuhu taman [tama...]
--- [f. 177v] ---
[...n] kumêdhap ||
52. Senapati angandika aris | kănca mantri majêgan sêdaya | sampun taha ing galihe | mapan sajrone nginum | pan sumăngga ulun ing rabi | sajawining ing rasa | wiyahe wong nginum | nêdya tumêka ing prana | yèn sira yun kawinên marang ing masjid | ulun sumăngga alap ||
53. mantri pamajêgan pinisalin | pan pinantês lan busananira | sarta lawan sakêrise | barêci kulukipun | sabuk cangap gombyok mas adi | mugèng sariranira | mulêt lir kêkuwung | toya mas abra unjyala[114] | pracalita katub ing maruta milir | lir sudama ngalihnya ||
54. acêlona cindhe tanu èsthi | pinarada tinon murub muncar | gêbyar-gêbyar lir thathite | yèn cinincing kang kampuh | pan kasilir ing maruta di | lir pendah kinêpêtan | rasane puniku | pan angrasakakên nikmat | salamine dèrèng suka kadi mangke |[115] ana ing pamajêgan ||
55. mantri pamajêgan mangênjali | padha ngrêpa tumungkul sadaya | abukuh ing palungguhe | dening dibya asuyud | rêtna wadu widadyèng lungit | pa măngka dananira | arêmên dinulu | kita kinudang ing prana | pan kawahan sura lêgawa ing krami | aglar tanpa sisingan ||
56. Senapati Ngalaga marêp ing | wus mulat ing mantri mamajêgan[116] | sampun apranata kabèh | kapya jêjêl supênuh | wus anarka yèn ngêndhih jurit | sirnane Sultan Pajang | mapan samya tuhu | ramping-arampinging tanggap | ngêdap sasmita
--- [f. 178r] ---
satata dèn ulati | kang sinêmbah Ngalaga ||
57. mantri bêksa pan kagiri-giri | kaêngkara[117] ambêk gora gadha | tan agêng ing itungane | sela nulya tinêmpuh | pan bobote anigang dhacin | manmrinira[118] arosa | sêdhêng agul-agul | tan wruh angêrês sinăngga | kang rasa ta lir kapuk salămba sami |[119] ngumbulakên mring wiyat ||
58. kadi rupa alap-alap paksi | tiningalan katonnya saalap | tan antora mudhun age | pan sinăngga ing gundhul | pan tinundha sinăngga gigir | ramya dènnya babêksan | yèku umbul watu | ana gendhong lêsung ika | tinitiran jalma akèh kapya nitih | lir toya nanggèng palwa ||
59. galaganjur binêksanan kêris | bêksa tumbak lawan bêksa panah | ana ingkang bêksa tamèng | ingumbulakên muluk | ingkang lêmbing tiba ing gigir | myang tinadhahan dhadha | tinadhahan pupu | lawan tinadhahan netra | amrang lêngên amugêr tumbak lan kêris | pupu têguh tinatah ||
60. mantri wira lir banthèng akanin | para tantang lawan para campah | landheyan dèn ugêr age | waos sigra tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungit | sasat wayang-wayangan | pan ilafat tuhu | cinane kayun lan baka | tumbak kêris têmêne tan anêdhasi | maring jatining jalma ||
61. sigra matur ingkang para mantri | pan kawula adunên ing yuda | ing Mêtaram sakêbêke | wadyanira pan purun | nadyan musuh
--- [f. 178v] ---
ing rama aji | yèn gusti ngajanana | kawula pan purun | nadyan tangkêpa salêksa | dêdamêle ing Pajang ulun tan gingsir | sangking awrate dana ||
62. sinaoskên wutahe kang gêtih | lan tugêle ing jăngga kawula | kang minăngka panaure | dana krama tuwanku | datan wontên têmbange malih | nanging têmah prasêca | jilmaa ping pitu | kinawulakêna ingwang | ing satêrah-têrah kawula ing benjing | sampun lyan trah paduka ||
63. tinarima sakathahe mantri | ingkang sami umatur prasêca | Senapati andikane | sadaya sanak ulun | pintên banggi sagêd mangsuli | ing sih pracayanira | kang marang ing ulun | kang mugi kalujêngana | sami-sami kawula titahing Gusti | Sukma kang mangsulana ||
64. nulya aluwaran Senapati | sakathahe mantri pamajêgan | samya mulih mring pondhoke | ingkang surya mèh surup | Senapati lunga sira glis | arsa anamur lampah | ing pondhokanipun | para mantri pamajêgan | kapargata pondhoke Ki Bocor nênggih | Senapati anamar ||
65. Senapati tumulya angrampit | Kyai Bocor nuju lalênggahan | ingadhêp para lurahe | Kyai Bocor amuwus | angrasani kancane mantri | tan wêruh kabêcikan- | ira sang aprabu | Sultan Pajang nora kurang | pasihane mring kancaku para mantri | pamajêgan sêdaya ||
66. tanpa [ta...]
--- [f. 179r] ---
[...npa] gawe pasihane gusti | mring kancaku mantri pamajêgan | apa kang dèn walêsake | marang kangjêng sang prabu | padha suyud mring Senapati | kapencut buja krama | lali mring sang prabu | kaya wong kêna ing guna | sun arani kabèh padha kurang pikir | yèn mungguh kaya ingwang ||
67. atandhinga wulêde ing kulit | myang karosan lawan kadigjayan | atêmua ngêndi gone | samêngko ingsun purun | katêmua besuk sun wani | kapengin têmên ingwang | arêp atatêmu | arsa ingsun ayonana | sun cobane marang kêris ingsun iki | yèn tan busik tan babak ||
68. kêrisku Si Kêbodhêngên iki | yèn adade ingkang kuna-kuna | nora pilih ing jalmane | tan ana wong kang têguh | kang katiban pêsthi yèn mati | najan nora pasaha | amêsthi yèn lampus | Senapati Ingalaga | dèn prayitna yèn sira bakal ngêmasi | rabimu ari răndha ||
69. pasthiningsun arêp ngaku gusti | marang Senapati Ingalaga | yèn nora pasah kulite | ya ta ing besuk dalu | kapiyarsa mring Senapati | Ki Bacor wuwusira | mèngsêm jrone kalbu | Ki Bocor nora uninga | yèn Ki Gêdhe Senapati namur sandi | lungguh ana ing latar ||
70. milanipun nora dèn yitnani | awor panakawane lêlurah | kapering pêtêng pêrnahe | sadangunira lungguh | nora nana wong kang udani | sinêngguh padha kănca | rowangira lungguh | Ki Bocor asru angucap | besuk [besu...]
--- [f. 179v] ---
[...k] sore pasthi ingsun anêkani | anyoba marang sira ||
71. Senapati sigra nulya mijil | lampahira tan ana uninga | mung Juru Taman rewange | pun juru taman matur | yèn suwawi karsane gusti | yèn pun Bacor punika | ulun ingkang sanggup | amêjahana sakala | anumpêsa sabature kabèh mati | Senapati ngandika ||
72. sun tarima prasêcanirèki | Juru Taman ingsun nora arsa | dadi cuwa ing atine | sakarêpe atutug | Juru Taman kalangkung ajrih | miyarsa ingkang sabda | ing gusti tumurut | wus lajêng ing lampahira | Senapati Juru Taman ingkang nyunggi | rawuh ing dalêm pura ||
73. Senapati Ingalaga angling | andhawuhi kang wadya sadaya | poma ta ing mêngko sore | yèn surya sampun surup | yèn ana wong kang manjing puri | aja na kang ngandhêga | poma wêkas ingsun | karêpe banjur mring pura | Senapati sarêng surup ngandika ris | mring cèthi mundhut dhahar ||
74. sinaosan dhaharan sumaji | Kyai Gêdhe Senapati dhahar | ing têngah lawang ênggone | pinarêk sarwi mungkur | Kyai Bocor wus mangkat aglis | prapta ing paregolan | Ki Bocor lumaju | pangrasane tan kuningan | Kyai Bocor lampahe andingkik-dingkik | Senapati katingal ||
75. Kyai Bocor samya dèn tingali | mring sakèhe kang caos sêdaya | padha dèn nêngake bae | api-api tan wêruh |
--- [f. 180r] ---
samya ajrih wêlinge gusti | Ki Bocor linge nala | mêngko sira lampus | sigra anarik curiga | Kyai Bocor tumanduk amarêpêki | prapta ing wurinira ||
76. Kyai Bocor asru anuduki | Senapati eca dènnya dhahar | lir lalêr mencok rasane | wanti-wanti anuduk | Kyai Bocor sayah kapati | malêngkêr dhuwungira | ukirane rêmuk | ngêmu gêtih tanganira | Kyai Bocor ngalumpruk ana ing siti | sambat nuwun apura ||
77. angrêrêpa[120] tur sarwi anangis | ngaturakên ingkang pêjah gêsang | Senapati nulya nolèh | tumingal maring pungkur | yèn Ki Bocor asru anangis | Senapati ngandika | sinamur ing sêmu | wakane wontên punangpa[121] | kadingarèn ing mangke arsa mariki | sampun dados kang manah ||
78. sadangune manira alinggih | nora wikan yèn andika prapta | katungkul abukti bae | kalingan dening puluk | mugi sampun dadi kang galih | sarèhning katambêtan | Ki Bocor umatur | kawulane abdèkêna | ing saturun-turun kawula ing benjing | gusti kang ngabdèkêna ||
79. Senapati angandika aris | lah wakane angangkah punapa | sun[122] tarima prasêcane | nulya tinundhung mantuk | Kyai Bocor nulya ngabêkti | lampahe akesodan | sumungkêm ing suku | wus mundur sangking ngajêngan | sapraptane ing pandhok nalăngsa ngati | ciptane galihira ||
80. sampun [sam...]
--- [f. 180v] ---
[...pun] awor lan kancane mantri | nora sêdya seba marang Pajang | tumêka têrus batine | wayahira wus dalu | Senapati sigra umijil | ingiring wong lalima | Lingpura jinujug | anon watu kumalasa | kapargata nagapita kaprayogi | jumênêng anèng sela ||
81. Senapati lir anunggang èsthi | samya irêngnya sela lawan gajah |[123] pandhan rangkang ing têpine | lir palana dinulu | sulur pandhan ingkang aputih | minăngka gadhingira | tumancêb ing banyu | Senapati rêmên mulat | nulya guling nginggile gêgilang adi | tan ana kang kaetang ||
82. kang kocapa Ki Juru Martani | anèng wisma tan eca anendra | ing têngah dalu wayahe | datan kêna aturu | sigra kesah mring dalêm puri | kandhêk jawine lawang | Ki Juru amuwus | jalma ingkang tunggu lawang | sutèng ulun ana pinarêk ing puri | matura ulun seba ||
83. ingkang caos nulya matur aris | Kyai Juru putra jêngandika | kawula tambuh puruge | kala ing sontên wau | inggih wontên ing dalêm puri | nênggih mangke punika | wayah sampun dalu | kawula datan uninga | duginipun kados sampun sare gusti | ulun ajrih matura ||
84. Kyai[124] Juru widyahdyèng[125] [wi...]
--- [f. 181r] ---
[...dyahdyèng] ing wadi | mapan wikan ciptèngira suta | tumulya sinusul age | wayahe lingsir dalu | pan tumanduk lir kilat thathit | sakêdhap nulya prapta | Lipura kadhatun | tumulya sira kapêdhak | Kyai Gêdhe Senapati pan aguling | nginggil sela gêgilang ||
85. Kyai Juru Amartani angling | sarwi gugah marang Senapatya | awungua dipun age | apa ana ing luwur[126] | dènnya guling kotbuta iki | Senapati Ngalaga | kagyèt sigra wungung[127] | tumingal aris ngandika | apa sira mancorong ing luhur iki | satuwuk dèrèng mulat ||
86. wus tangia sigra dènnya angling | wruhanira jênêng ulun wintang | wêwarta marang dhèwèke | dening sira anêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Kang | Amurwèng Pandulu | uwis sêdhêng marènana | gya muliha kang dira[128] pêlêng wus kêni | sru brăngta mati raga ||
87. mapan sira jumênêng Mêtawis | dadi nyata amêngku ngrat Jawa | sineba ing ratu kabèh | debya sêkti pukulun | para ratu ing tanah Jawi | kalah dèn ta sadaya | kabèh padha nungkul | tumêka ing sutanira | myang ing putu jumênêng Sultan Mêtawis | Jawa tanpa sisingan ||
88. buyutira jumênêng Mêtawis | ing Mêtaram suka awibawa | sugih rêtna kêncanane | salaka picisipun | amêkasi dadi nrêpati | nagaranira rêngka | myang wintang kumukus | grahana sasi lan surya | gugur gunung udan awu lan karikil | pratăndha nagri rusak ||
89. nulya wintang sirna myang wiyati | dyan sumilih [sumi...]
--- [f. 181v] ---
[...lih] Senapati mujar | baya prapta ing pasthine | ulun mangku kaprabon |[129] têkèng suta myang putu benjing | buyut pan dadi nata | ratu Jawa nungkul | ulun dilah tanah Jawa | pan sumilih jênêngira rama aji | Sultan Pajang pan sirna ||
90. Kyai Juru Amartani angling | sutèng ulun Senapati sira | ayya ujub myang kibire | tan wênang ujar luput | amasthèkkên kang durung jati | bêgja têkèng saksana | sira manggih mungsuh | satêngahirèng payudan | yèn nyidraa ujar wintang ingkang bumi | kaya pagenanggeha |[130]|
91. kadipundi gèn ingsun ngandêli | ujar wintang pan dudu manusa | ewuh cinêkêl ilate | nora pêsthi tinêmu | beda jalma pêsthi tinagih | ujar dudu lan iya | pasthi yèn katêmu | dene sami lawan kita | rèh sumêja is[131] arane puniki |[132] wênang dudu lan iya ||
92. ing saksana yèn prapta ing jurit | nora wurung para lawan mara | kapangguh ing payudane | kalah lan mênangipun | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya puniku | yakti jumênêng nalendra | ing Mataram yèn sira kalah ajurit | pasthi dadi tawanan ||
93. Senapati kèmêngan ing galih | amiyarsa sabdane kang paman | Kyai Juru Martanine | Senapati sumaur | kadipundi rèh dika mangkin[133] | ulun tanpa rerehan | sakarsanira nut | ing saparipolah ingkang | ulun paman dadia karya sawiji | cara sarêm sarêmbat ||
94. Kyai Juru Amartani angling | yèn sêmbada lawan karsanira | ana ujar ing dalile | ing Pangeran Kang Agung | gampangêna ing ulun iki | sakèhe kang sinêdya | kang angèl puniku | dhasare anêru brăngta | anjursari kang dèn pêlêng saha dening | lah nêdha linaksanan ||
95. ulun[134] ingkang
--- [f. 182r] ---
mring Gunung Marapi | pakanira maringa samodra | têdhanên ing Allah dhewe | nyatakêna ing kayun | ing gampange kêrsaning Widi | lah nêdha sarêng mintar | karo pan tumanduk | Senapati Ingalaga | ngetan bênêr manjing wana sigra prapti | anggêbyur Kali Umpak ||
96. nglangi bathang anurut ing kali | ana alor agêng tan upama | pun Tunggulwulung wastane | yèn jalmaa amuwus | baya mêngko ngulun apanggih | kalawan gustiningwang | mangke ingwang naur | utang ingsun duk ing kina | dyan sinăngga Senapati ing Mantawis | tan têlês dening toya ||
97. alor ika purwanira uni | tatkalanya Senapati sira | acangkrama sawangane | Kali Samas kinêbur | kinarakad jambêt myang cundhik | anco lawan pêpêcak | wuwu sèsèr susuk | salir mina sami têlas | ana alor kapanggih dhasaring warih | kagiri-giri gêngnya ||
98. pan kasatan mêntas datan kêni | wong Mêtaram samya parêbutan | anyêkêli ing olore | ginawa mêntas sampun | ngaturakên mring Senapati | rêna dènira mulat | alor dibya anung | sigra sira binusanan | ajamang mas akêkalung lulut adi | kang kinarya kêncana ||
99. nulya sira nguculakên aglis | alor ika sampun sinung aran | pun Tunggulwulung wastane | matanira mawêlu | lir baskara ujyala sami | lamun tinon ing toya | pangagennya murub | lir palwa ingabong ika | saparane samya gawok kang ningali | mapan ratuning mina ||
100. Senapati anganyut ing kali |
--- [f. 182v] ---
mapan kandhêk anèng ing Bangkawa | ngadêg samodra pinggire | alun sêgara kidul | tri gumuruh kagiri-giri | gurnita kadya gêlap | gêdhene sagunung | tan owah ing warnanira | sandeya tyas Senapati masukêt ing | manah dèrèng kabuka ||
101. Senapati manahira wani | malêbua sajroning samodra | sangking ewuh ing margane | Senapati anêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Kang | Amurwèng Pandulu | sigra dhatêng kang plahara | umyus mêsês bayu badranira angin | anug kayu rug sêmpal ||
102. sêgaranya gumêtêr awêdi | toya minggah lir ngungkuli arga | Senapati ing lêbune | kagnyat[135] Nyai Ra Kidul | duk tumurun dènira linggih | arsa amanggihana | kang ngontêrkên banyu | baya ingaran kiyamat | mêngko iki Nyai Kidul adhatêngi | tumêkèng pinggirira ||
103. Nyai Kidul mulat jagat ênting | kang kasăngga dènirèng buwana | tan ana jalma liyane | mung Senapati iku | ingkang ngadêg pinggiring tasik | tan ana lyan katingal | nanging jalma luhung | Nyai Kidul sigra mujar | baya iki kang gawe obahe tasik | antya dènira rusak ||
104. Nyai Kidul sigra mudhun prapti | ing pinggire sidhêku mangrêpa | iki dhukuh ing tasike | sigra mangsah cumundhuk | marang Senapati Mêtawis |
--- [f. 183r] ---
Nyai Kidul manêmbah | mangusap ing lêbu | tumungkul sigra mangrêpa | palungguhe abukuh konjêm ing siti | grananara[136] mamya[137] muka |[138]|
105. Nyai Kidul sigra matur aris | risang dibya paduka ilangna | aru-ara ing galihe | lêtuh kang ponang banyu | saisine ingkang jaladri | pan andika gustiku |[139] jruning jagat iku | pan kagungane sêdaya | mapan anut sakarsa andika gusti | jim lawan parayangan ||
106. tanpa gawe dika jalma luwih | têka ngrusak gêgaweyandika | sakarsa panduka angrèh | yèn kita darbe kayun | parayangan kalawan êjêm |[140] adunên yèn apêrang | ngalahakên musuh | para ratu tanah Jawa | yèn sira yun sineba ing para aji | tanah Jawa sadaya ||
107. parayangan balanira êjim | ngalahêna mungsuhira aprang | kita dadi ratu gêdhe | bapa babuning ratu | nanging sira ing tanah Jawi | Senapati Ngalaga | eca manahipun | amirsakkên wuwusira | Nyai Kidul wus narka yèn mêngku bumi | ratu tanpa singsingan ||
108. sakathahe isining tasik |[141] wus waluya kang mati sadaya | samnya[142] lêbda jiwa kabèh | Nyai Kidul pan mantuk | sarêng mangkat sarwi anolèh |[143] mèsêm sarwi ngujiwat | Senapati dulu | pyuh manah tanpa jamuga | kadi Panjangputra tibèng sela gathik | sirna sakèh wêweka ||
109. sêmonira ika ngajak mulih | maring Senapati Ingalaga | mapan wruh pasang ciptane | salungane Nyi Kidul [Kidu...]
--- [f. 183v] ---
[...l] | Senapati pan anut wuri | prapta têlêng samodra | tan têlês ing banyu | nulya prapta jroning pura | sarêng linggih Nya Kidul lan Senapati | anèng bale kancana ||
110. Senapati Ngalaga ningali | patamanan balene kancana | ing nguni iku purwane | bale ingkang rinêbut | dening Gathutkaca ajurit | kalawan Si Anoman | bale iku runtuh | tumiba têlêng sêgara | gih puniku kang tinunggu dening nyai | ingkang bale kancana ||
111. panataran luwih ing donyèki | sinêngbaran[144] manik mutyaara | itên[145] jumantên widuri |[146] sêlaka pagêripun | asri tinon rêgane[147] puri | tan ana sasamanya | kancana lir murub | mugèng langit upamanya | yèn dinulu sawarnane ingkang manik | lan gêbyare sêsotya ||
112. gapuranya agêng tur ainggil | pucaknyam pinatik ing mirah |[148] itên abra ujyalane | sor baskara dinulu | kucêm dening rêngganing manik | mulya langgêng raina | dening sêsotya murub |[149] kaidêran pêpêthetan | mapan asri jajar lawan kamuning |[150] anjrah puspita mêkar ||
113. witing kayu kacananira adi |[151] gadhong[152] sutra pang sami kancana | sarêng kêmbang lawan wohe | warnane wiji iku | patang puluh warnanira sri | soring kathil kêncana | anijèni kayu | kang linungguhan parayangan |[153] warnanira upamane widadari | tan beda lan ing syarga ||
114. ingkang pala witing [wi...]
--- [f. 184r] ---
[...ting] kayu siji | ana nyadham ana kamropogan[154] | ana matêng ing uwite | tan wêrnanên kang runtuh | upamane lir lintang ngalih | sarika kadi jalada |[155] kadya ingkang mêndhung | kinubêngan ing bêngawan | catur kèhe kang dhingin bêngawan warih | pindho bêngawan puhan ||
115. rasanira luwih ing nyèki[156] |[157] luwih pêthak bêngawan ping tiga | sajêngkang luwih manise | tan amadha donyèku | kang kaping pat bêngawan nênggih | madu kang luwih rasa | madu ing donyèku | ya ta pinarêk kalihan | Kyai Gêdhe Senapati ing Mêtawis | lawan kusuma rara ||
116. Nyai Kidul ratune jim pêri | parayangan lêlêbut[158] sadaya | sagara kidul kuthane | sadaya sami suyud | Ratu Èstri bya mya[159] sakti |[160] pilih kang wong uninga | ing kadhatonipun | kang mêngku ing nusya Jawa | saturune tan liyan têdhak Mêtawis | amêngku Nyai Rara ||
117. kang jumênêng ratu tanah Jawi | pasthi kanthi lawan Nyai Rara | kang rumêksa kaprabone | anênggih Nyai Kidul | datan kêna sakit kang galih | ingkang jumênêng nata | rusak prajanipun | Senapati Ingalaga | aningali rêngganing kadhaton wingit | rasa-rasa mijila ||
50. Mijil
1. Senapati angandika aris | dhatêng sang lir sinom | baya ingsun kêna ing gunane | atilara lir babot sakêthi | punapa marganing | yèn dhangana mantuk ||
2. mèsêm sang rêtna sarya nauri | dening sumarengoh | kudu ngandhêg wong maring dhangkane | bok amulih sapa ingkang pênging | kakung anauri | datan arsa mantuk ||
3. najan mantuka yèn lêga bejing | gusti manah ingong | sarta antuk kang pangastu anggèr |
--- [f. 184v] ---
ana pratandhane duwe dasih | ngandika Sang Ratih | apa kang dèn jaluk ||
4. mapan katingal sakathahing |[161] isane[162] kadhaton | rajabrana miwah kang pangangge | pan sumăngga tan ngrasa darbèni | mujar Senapati | pan sarwi gumuyu ||
5. kaya bocah ulun dèn pêpengin | ing raja panganggo | ing Mataram panganggo boh kèhe | kang sun têdha pan amung sadhidhik | kenginêna gusti | umarêk wong ayu ||
6. sami piyambak pun Senapati | anèng jro kadhaton | Nyai Rara arum pangucape | nganggo kêlir sapa dèn kèringi | pan sarira iki | sumăngga pukulun ||
7. nanging sun têdha aja na gingsir | wasana kararon | pan kawula dhingin malah mangke | manjinga parêkan dadia abdi |[163] andika pinasthi | rat Jawa kang mêngku ||
8. kakung sigra marêpêki kang sih | tan darana tumon | anggayuh madya nyandhak astane | Sa Dyah Rara mèngsêm dènira ngling | iki bok dèn ririh | pan sumăngga ingsun ||
9. pan asta kelor rêke puniki | glis putunge kang wong | Senapati angaras kêrsane | dèn inggati gêlunge kang kêni | sang dyah nyêngkah aris | aja ge angambung ||
10. adarbe kêrsa dipun aririh | anèng jro paturon | pan sarira iki kagungane | sang aprabu saya amêrdi sih | witning sang lir sari | sihira kalangkung ||
11. sang rêtna dhi[164] kinusya aririh | arêbat pasêmon | agêtar kilang sang dyah liringe | surêmpu sang prabu aningali | wuwusnya nrang gêndhis | gusti kang sinuhun ||
12. pun kakang gusti nrahakên pati | dhatêng sang lir sinom | suka lêbura anèng padane | anêdya ngèstupada sang dèwi | dèn tumêkèng pati | kawula
--- [f. 185r] ---
mas ratu ||
13. sapa baya kang aduwe gusti | lir muksayèng sinom | baya dewatane jro karêsmèn | amung sira kang amindha sasi | liringe amanings[165] | asor madu juruh ||
14. wong raga karana amantêsi | canggèhing paturun |[166] wong acangkêt sapari polahe | pan akarya sumêlanging ati | anging dika gusti | paraning pandulu ||
15. Sang Dyah Rara anyut jroning ati | manising wiraos | dèrèng yèn tumêka ing batine | wayahèn[167] kakung yèn dèrèng olih | akathah kawijil | manising pamuwus ||
16. sang aprabu saure awingit | gusti sang lir sinom | sêtyanana gusti gêgêbale | anjalmaa ping pitu kang abdi | marang sang rêtna di | tan cidra ing sanggup ||
17. tanpa jiwa kang pinandêng ing sih | kang manah wus kepon | kamanisên dening pangrurume | kakung wasis ing jinim[168] angênti | dira ngasih-asih | maring sang dewa yu ||
18. adangu sang dyah nora anglilir | sru dènnya kararon | Senapati kalangkung marase | anglilira kang asawang sasi | punapa karaning | dangu dènnya kantun ||
19. lah belakêna pun Senapati | yèn atêmah layon | pasthi wurung kawula nah anggèr | dadi ratu ana ing Matawis | pan andika gusti | jênêngêna ingsun ||
20. anglilira ingsun punagèni | tcidra[169] wiraos |[170] ingsun gawe kadhaton ing kene | sawetane ing Parangtaritis | pinggire kang ardi | loring Gajahmukur[171] ||
21. lan agawe pasanggrahan malih | luhur ngardi kono | Gambirawati nênggih wastane | yèn sun kangên marang gusti |[172] kono gon kapanggih | sira lawan ingsun ||
22. nulya anglilir kang sawang sasi | tumulya sira non | mring Senapati sangêt wirange |
--- [f. 185v] ---
anyiwêli sarwi jèwèr lathi | dhuh agêthing mami | wong iki ambêsur ||
23. yèn ajaa kang amutêr bumi | polahe maring ngong | nora kanggo sadalu umure | Senapati Ngalaga nulya ngling | sapuranên gusti | dening wani ingsun ||
24. kadhatêngan dènira wor rêsmi | atêmah kawuron | yèn wênèh gusti samènè bae | pasthi pun kakang anêdha pamit | dangu tan nauri | Nyai Rara Kidul ||
25. aja age kakang dika mulih | warasêna ingong | kang sarira iki buh rasane | katêmpuhan kakang Senapati | ulihêna malih | ing kararan ingsun ||
26. sun tagih têmên dika ing bejing | cidraa maring ngong | sanajan bejang anak putune | lamun maring kawula alali | pasthi manggih wèsthi | rusak prajanipun ||
27. pira lamine Sang Senapati | kapanggih kararon | anèng têlênging samodra gêdhe | tigang dina lawan tigang lastri | grana tansèng pipi | jaja nèng pambayun ||
28. têlas kang raka dèn wêwarahi | tikah dadi katong | darapon kèdhêpa parentahe | dening manusya kalawan êjim | parayangan singgih | jangjine pan suyud ||
29. Senapati sigra nulya pamit | sun tilar mas ingong | akantuna mirah isun anggèr | sarwi ingaras anulya mijil | lampahira aglis | lir pêksi anurun ||
1 | Lebih dua suku kata: sadandanane yuda. Bandingkan: kapraboning ayuda (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 5.1.4). (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata: Kyai Juru tan têbih. (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata: sami apagunêman. (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata: mung salêbêt kitha. (kembali) |
5 | pinêrung (dan di tempat lain). (kembali) |
6 | Lebih satu suku kata: kagèt sakèh tumingal. (kembali) |
7 | Lebih satu suku kata: najan ingsun dhahara. (kembali) |
8 | anandêr (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
9 | nora. (kembali) |
10 | Lebih satu suku kata: swaranira gumêrah. (kembali) |
11 | Lebih satu suku kata: Pangran Arya Panangsang ingkang tinelat. (kembali) |
12 | nêdya (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
13 | angênting (dan di tempat lain). Bandingkan: ngênèni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.50.7); ngêntèni (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 19.48.7). (kembali) |
14 | panumbake (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
15 | kinintunkên. (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata: kinintunkên dhumatêng ing Kalinyamat. (kembali) |
17 | binêcikan. (kembali) |
18 | ngaturakên (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 31.4.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 31.4.3). Bandingkan: ngaturkên (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 20.14.3). (kembali) |
19 | Kurang satu suku kata, Bandingkan: yèn para aku wong rèrèh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 31.8.3); yèn para aku wong roro (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 20.18.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 31.8.3). (kembali) |
20 | mring (dan di tempat lain). (kembali) |
21 | Kurang dua suku kata: umarêka kakang êmbok. (kembali) |
22 | tarimaning. (kembali) |
23 | pêjahipun. (kembali) |
24 | Lebih satu suku kata: gumêrah swaraning bala. Bandingkan: gumêr syaraning pawongan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 20.29.2). (kembali) |
25 | ngangge-anggeya. (kembali) |
26 | Lebih satu suku kata: wontên kusuma kang mangun tapa. (kembali) |
27 | Agêng Giring (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
28 | babone. (kembali) |
29 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
30 | Lebih satu suku kata: kocapa kang nêpi Kêmbanglampir. (kembali) |
31 | sultan. (kembali) |
32 | pamidhangan. (kembali) |
33 | nêbda (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
34 | padhêkahan. (kembali) |
35 | lyan. (kembali) |
36 | Kurang satu suku kata: miwah Pajang anèng Mêtawis. (kembali) |
37 | kakangira. (kembali) |
38 | katiga. (kembali) |
39 | sumêndhinipun. (kembali) |
40 | lan (dan di tempat lain). (kembali) |
41 | winêtara. (kembali) |
42 | Lebih satu suku kata: lan malihe kang jumnêng aji. (kembali) |
43 | Tanggal: wong guna mănca bumine (AJ 1531). Tahun Masehi: 1609–10. Sangkala ini tampaknya mengacu pada dimulainya pembangunan dan pembukaan wilayah Mataram. Namun, alur cerita dalam bagian ini kurang jelas. (kembali) |
44 | wijilipun. (kembali) |
45 | Lebih satu suku kata: dene wijilipun. (kembali) |
46 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
47 | Kurang satu suku kata: Radèn Ngabèi mantuk rumiyin. (kembali) |
48 | sêmana. (kembali) |
49 | Kurang satu suku kata: sri narendra sêmana sampun pinarak. (kembali) |
50 | Tanggal: rêsi mantri tata raja (S 1537). Tahun Masehi: 1615–6. Bandingkan: uni rêke mantri winisaya punika (S 1537) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 21.61.3–4). Sangkala ini tampaknya mengacu pada pengukuhan Sultan Pajang sebagai penguasa yang sah setelah pertemuannya dengan Sunan Giri. Namun, alur cerita dalam bagian ini kurang jelas. Lihat lebih lanjut: pêksi astha warna aji (S 1481) (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 9.24.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 47.49.2). (kembali) |
51 | Parapèn (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 21.62.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 47.50.1; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 9.25.1). (kembali) |
52 | ing (dan di tempat lain). (kembali) |
53 | mêncorot. (kembali) |
54 | sinarèkkên. (kembali) |
55 | jasad. (kembali) |
56 | praptèng. (kembali) |
57 | Kata "pamite" diikuti dengan tanda centang ditulis di atas "ature" sebagai penggantinya. (kembali) |
58 | kogêl. (kembali) |
59 | nibakkên. (kembali) |
60 | têka. (kembali) |
61 | ngandika. (kembali) |
62 | Terdapat dobel sandangan: Pabelan atau Pabilan. (kembali) |
63 | Kurang satu suku kata: inggih wikaning kawula. (kembali) |
64 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
65 | tinampan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
66 | Kurang empat suku kata, dan biasanya guru lagu u. (kembali) |
67 | numbas (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
68 | êmban (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
69 | nampani (dan di tempat lain). (kembali) |
70 | ingungkaban (dan di tempat lain). (kembali) |
71 | gambir (dan di tempat lain). (kembali) |
72 | Pêgandan. (kembali) |
73 | sinukmèng. (kembali) |
74 | pangungrum. (kembali) |
75 | aglis. (kembali) |
76 | mandhapa. (kembali) |
77 | prandening. (kembali) |
78 | Lebih satu kata: ngandika jro wardaya. (kembali) |
79 | sanggupe (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
80 | gampang. (kembali) |
81 | ngambung. (kembali) |
82 | Lebih satu suku kata: katur ing rama sun angêmasi. (kembali) |
83 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
84 | andika. (kembali) |
85 | sumorot. (kembali) |
86 | karoron (dan di tempat lain). (kembali) |
87 | dalu. (kembali) |
88 | bosên (dan di tempat lain). (kembali) |
89 | Biasanya guru lagu o: kadhaton. (kembali) |
90 | Lebih satu suku kata: kangjêng sultan wus apotang jangji. (kembali) |
91 | gêrogol. (kembali) |
92 | Lebih satu suku kata: anadene kang tuwa. (kembali) |
93 | sasampunira. (kembali) |
94 | alami. (kembali) |
95 | ngêndhêgkên. (kembali) |
96 | Lebih satu suku kata: nora kêna ginege ing măngsèki. (kembali) |
97 | Kurang satu suku kata: nging sun karya ubaya yayi sirèku. (kembali) |
98 | Bandingkan: pan maliyo isinya sari (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.2.5); pan maliyo isine sari (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.2.5); pan maliho isinya sari (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.2.5). (kembali) |
99 | Lebih satu suku kata: dene lami tan seba. Bandingkan: dening lami tan seba (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.3.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.4.6; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.3.6). (kembali) |
100 | Kurang satu suku kata: sêdayane wis kaliwat. Bandingkan: samayanya uwus liwat (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.3.8); sêmayane uwis liwat (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.4.8); sêmayanya wus kaliwat (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.3.8). (kembali) |
101 | Lipura (dan di tempat lain). (kembali) |
102 | Di atas kata "akurèswa" ini tertulis "[a]parasa" rupanya sebagai koreksi. Bandingkan: myang kita akurisa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.12.10; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.12.10); myang kita akurèsa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.11.10). (kembali) |
103 | Bandingkan: gêgala (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.21.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.20.7; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.20.7). (kembali) |
104 | Kurang satu suku kata: mungsuh yayah karasa tan amadhani. Bandingkan: mungsuh yayah rasa tan ana madhani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.25.9); musuh yaya [yayah] angrasa tan na madhani (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.24.9). (kembali) |
105 | masalah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.29.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.28.1). (kembali) |
106 | nyata(Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.32.1). (kembali) |
107 | saosike. (kembali) |
108 | bangbang. (kembali) |
109 | Lebih satu suku kata: mantri pamajêgan cundhuk ngarsa. (kembali) |
110 | Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
111 | paraga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.41.10; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.38.10). (kembali) |
112 | paman (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.42.2; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.39.2). (kembali) |
113 | sênggak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.43.5; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.43.5). (kembali) |
114 | ujyala. (kembali) |
115 | Biasanya guru lagu i: mangkin (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.49.9). (kembali) |
116 | pamajêgan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.51.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.51.2; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.47.2). (kembali) |
117 | Bandingkan: anglêngkara (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.51.2). (kembali) |
118 | mantrinira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.56.6; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.51.6). (kembali) |
119 | Bandingkan: karatala lir kapuk salămba sami (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.51.9); karatala lir kapuk salămba sigih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.1.9). (kembali) |
120 | Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
121 | punapa. (kembali) |
122 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
123 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: irênge sela wus kadya gajah (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.38.2); irênging sela wus kadya gajah (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.37.2); warnanira sela kadi gajah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.75.2); kapya usung [ngusung] sela lawan gajah (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.10.2). (kembali) |
124 | Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
125 | widyagdyèng. Bandingkan: widagdyèng (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.78.1); widigdèng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.78.1); widadya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.13.1); widagdèng (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.71.1). (kembali) |
126 | Bandingkan: luhur (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.14.4; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.73.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.80.4). (kembali) |
127 | wungu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.14.7; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.73.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.80.7). (kembali) |
128 | sira (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.15.9). Bandingkan: dera (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.81.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.81.9). (kembali) |
129 | Biasanya guru lagu u. Bandingkan: kaprabun (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.18.4; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.77.4). (kembali) |
130 | Bandingkan: kaya ta kapagguha (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.78.10). (kembali) |
131 | jais (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.86.9). Bandingkan: zaiz (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.79.9). (kembali) |
132 | Kurang satu suku kata: rèh sumêja jais arane puniki. Bandingkan: rèhning swara jais arane puniki (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.86.9); rèh supêna zaiz arane puniki (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.79.9). (kembali) |
133 | Terdapat dobel sandangan: mangkin atau mangken. (kembali) |
134 | Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
135 | kagyat. (kembali) |
136 | grananira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.104.10). (kembali) |
137 | myang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.104.10). (kembali) |
138 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: grananira myang muka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.104.10). (kembali) |
139 | Biasanya guru lagu a: pan gustiku andika. (kembali) |
140 | Biasanya guru lagu i. Bandingkan: êjim (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.107.5; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.57.5); êjin (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.106.5). (kembali) |
141 | Kurang satu suku kata: sakathahira isining tasik. (kembali) |
142 | samya. (kembali) |
143 | Biasanya guru lagu i: anolih. (kembali) |
144 | sinêbaran. (kembali) |
145 | intên (dan di tempat lain). (kembali) |
146 | Biasanya guru lagu e(o): widure. (kembali) |
147 | rênggane. (kembali) |
148 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pucaknya mancinawi sêsotya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.38.2). (kembali) |
149 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: endah sotya murub (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.38.7). (kembali) |
150 | Kurang satu suku kata: mapan asri ajajar lawan kamuning. Bandingkan: apan asri akathah lamun winarni (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.38.9). (kembali) |
151 | Lebih satu suku kata: witing kayu kancanane adi. Bandingkan: witing sêkar kêncana kinardi (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.63.1); witing kayu kancana winarni (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.39.1). (kembali) |
152 | godhong (dan di tempat lain). (kembali) |
153 | Lebih satu suku kata: kang linungguhan prayangan. Bandingkan: lêligihe [lêlinggihe] parayangan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.39.8). (kembali) |
154 | Bandingkan: kamaropokan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.40.2). (kembali) |
155 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sari kadi jalada (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.64.6); sarinya alyir căndra (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.40.6). (kembali) |
156 | donyèki. (kembali) |
157 | Kurang satu suku kata: rasanira luwih ing donyèki. (kembali) |
158 | lêlêmbut. (kembali) |
159 | dibya myang. (kembali) |
160 | Kurang satu suku kata: ratu èstri dibya myang sakti. (kembali) |
161 | Kurang satu suku kata: mapan katingalan sakathahing. (kembali) |
162 | isine. (kembali) |
163 | Lebih satu suku kata: manjinga parêkan dadi abdi. (kembali) |
164 | di. (kembali) |
165 | amanis. (kembali) |
166 | Biasanya guru lagu o: paturon. (kembali) |
167 | wiyahèn. (kembali) |
168 | jinêm. (kembali) |
169 | tan cidra. (kembali) |
170 | Kurang satu suku kata: tan cidra wiraos. (kembali) |
171 | Gajahmungkur. (kembali) |
172 | Kurang dua suku kata: yèn sun kangên marang sira gusti. (kembali) |