Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 051–055)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 185v lanjutan] ---
51. Dhandhanggula
1. dyan kapanggih jêng susunan adi | apatêkur[1] ing parang gènira | Senapati mangsah age | cundhuk lawan sang wiku | majêng ngarsa nulya ngabêkti | manêmbah ing suku sang | palungguhe bukuh | umatur sarwi mangrêpa | gya rinangkul Senapati Matawis |[2] sarwi winawarahan ||
2. pangandikane susunan
--- [f. 186r] ---
adi | aja sira ngandêlakên rosa | têguh sakti dikjayane | tumamèng sagara gung | kadya ngambah lir anèng siti | iku ujub myang riya | kibir wastanipun | tan wênang yèn lampahana | wali mukmin ngadohakên pangabêkti | pamor gusti kawula ||
3. aja sira kaya bumi langit | myang sagara kalawan prawata | bumi iku wahanane | yèn jalmaa amuwus | ngandêlakên jêmbaring bumi | kalawan kandêlira | nanging mung puniku | tan kêna ginawe rewang | kadya gunung mung gêdhene lawan inggil | tan darbe pangusatan[3] ||
4. lawan aja kaki kaya langit | ngandêlakên jêmbar lawan wiyat | mung puniku kasêktène | miwah sagara agu[4] | ngandêlakên jêmbar ngidêri | lawan ajro tan jajag | gurnita kang alun | gêdhene pidha[5] parwata | pan gumuruh syarane kang jalanidi | mung puniku dayanya ||
5. yèn sira yun tulus dadi aji | anganggea sokur lawan rêna | ênêb kalawan êninge | pasthi yèn dadi ratu | ing Mataram dènira linggih | myang para Ratu Jawa | kabèh padha nungkul | aseba marang Mataram | sabên warsa anrahakên balupêti[6] | marang rajèng Mataram ||
6. lah ta payo mulih mring Matawis | ingsun arsa mampir wismanira | anulya lumampah age | Susunan Adilangu | akalihan lan Senapati | lampahira lir kilat | sakêdhap pan rawuh | susunan adi ngandika | wismanira pagêr jawi nora kardi | kêbo sapi ingumbar ||
7. atanapi wisma pagêr jawi | nora pagêr sari asêsangkrah | dadi sisip ing pasrahe | karana [ka...]
--- [f. 186v] ---
[...rana] lah pan dudu | angkuhira anèng Matawis | dadi ing riyanira | kibir lawan ujub | kêbo sapi tanpa kandhang | wahanane măngsa ana ingkang wani | durjana lawan dhustha ||
8. angagea ênêb lawan êning | lêlakone sokur lawan rêna | awisma lawan pagêre | kêbo sapi yèn ucul | kêluhane kang dèn cêkêli | yèn mulih maring wisma | kandhangna dèn kukuh | saloroke pithokan |[7] turonana lawange lawan ing wêngi | nuli sira pasraha ||
9. anganggea panduman pamilih | dipun patut kalawan agama | kalawan ing drigamane | satiyar dipun agung | anganggea sumandhèng Widi | sakalir polahira | angagea sokur | karane dèn aprayetna | laku ligih solah mona lawan muni | minăngka panêngêran ||
10. sira anganggea pagêr bumi | lah tagên wongira Mataram |[8] sabên-sabên katigane | nyithaka bata agung | sabên warsa têka sathithik | sapakolèh wong dhomas | anganggea sokur | ingarah dadi bacingah | pirabara lumaku aja lan kibir | batanên sabên dina ||
11. nulya nyadhak mandêm cinangking |[9] isi toya susunan lumampah | akarya watês dalême | toya mandêlêm mancur | ingidêran sarwi adhikir | ingubêngan[10] sadaya | dene kang sinuhun | turutên iku ing bejang | bêbataa wong dhomas cacah Mêntawis | dadi bata lan karsa ||
12. ênêngêna nagari Mêtawis | kang kocapa Kangjêng Sultan Pajang | miyos sangking kadhatone | siniwi lêmahdhuwur | ing dhêdhampar kancana adi | abra ujyalanira | alêlèmèk [a...]
--- [f. 187r] ---
[...lêlèmèk] babut | wanodya nyêkêl badhama | angapit ing sang nata kalawan badhil[11] | sajata[12] kèri kanan ||
13. mantri Pajang pêpêk samya nangkil | samya matur kang wadya sadaya | kawula mirsa wartine | putra dalêm sang prabu | Senapati anèng Mêtawis | yêkti karsa balika | wong dhomas lumaku | anyithak arsa bêbata | karya kitha bacingah arah kinardi | anjrokakên lêlarènnya |[13]|
14. Kangjêng Sultan Pajang ngandika ris | sutèng ulun Dipati Bênawa | sira lumakua age | kalawan si tumênggung | Patih Măncanagara iki | lawan Dipati Tuban | barênga lumaku | sira maringa Mêtaram | ucapêna kakangira Senapati | têmên dèn marènana ||
15. lan maninge apa ora eling | yèn dhèwèke ngawula ing Pajang | takonana sayêktine | kang dadi purwanipun | apa nyata |[14] marang ing jênêng iwang | warahên kakangmu | Pangran Bênawa tur sêmbah | lan kang raka tanapi rêkyana patih | lèngsèr sangking ngayunan ||
16. wontên mantri ing Pajang satugil | amiyarsa karsane sang nata | nulya aputusan age | pun Pangalasan sèwu | tugil guru lan Senapati | mring Sunan Kalijaga | iku purwanipun | utusane wus lumampah | sêsandêran sipêng sadalu ing margi | ejing prapta Mêtaram ||
17. wus cumudhuk[15] ing ngarsa ngabêkti | sarta ngaturakên kang pitukas | rayi paduka sêmbahe | tur uninga pukulun | ditên[16] bejing duta kang prapti | pangeran ing Banawa | lawan ki tumênggung | kang aran Măncanagara | lawan mantu anênggih Dipati Tubin | tri padha wilotama ||
18. gêgamane tan kêna winilis | kalakung watir rayi paduka | mila
--- [f. 187v] ---
aputusan age | Senapati amuwus | sun tarima sihe si adhi | kang maring jênêng ingwang | bokmênawa besuk | isun bisa mangsulana | aturêna salam dongaku mring adhi | kang duta amit nêmbah ||
19. Senapati Ingalaga aglis | sigra mapak anèng Randhulawang | lawan sêntanane kabèh | dêdamêl dhomas kumpul | ingkang rayi samya angiring | wadyabala Mataram | padha gawa suguh | gajah jaran pan samatya[17] | wong Mataram kêrig kabèh dhudha santri | kandhêg ing Randhulawang ||
20. Pangeran Bênawa sigra prapti | Randhulawang Senapati mapag | katingal tumurun age | nulya sira kapangguh | Adipati Banawa bakti | sami arêrangkulan | kakang kadang ingsun | kawula puniki kakang | kangên têmên alami datan kapanggih | lamine nora seba ||
21. Senapati Ingalaga angling | yayi Êmas Dipati Banawa | nitih èsthi dèn age |[18] ngandikaa ing luhur | ing dipăngga mapan abêtcik[19] | nulya sarêng aminggah | ing palana sampun | panakawan Astradaya | wadya Pajang aboncèng luhuring èsthi | angucap jroning nala ||
22. bokmanawa wontên karya jurit | nginggile liman ulun sarênga | mati kalawan gustine | têtaline ing pungkur | palanane dipun pêtthêti[20] | ing pangot cêcebolan | iku purwanipun | wadya Mêtaram yèn seba | pangot cebol kinandhutan kêna kari | binakta mara seba ||
23. tarkanira Astradaya iki | karanipun sun pêthêti ika | aling-aling têtaline | gampang amiyak [ami...]
--- [f. 188r] ---
[...yak] ingsun | lamun ana akarya jurit | gèn ingsun têtulunga | marang gustèningsun | karana nginggiling liman | jurunira Senapati aran Malik | sarêng dugang gulunya ||
24. tarkanira manahe Ki Malik | karan iwang sarêng dugang liman | ana ing gulu ngayune | sarênga ulun ngamuk | pêjah gêsang sarênga gusti | madhêp marang palana | angkuse dèn singkur | andulu ing gustinira | Senapati ajajar dènira linggih | lan Pangeran Banawa ||
25. Adipati Banawa sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | ulun ingutus wiyose | kangjêng rama sang prabu | jêngandika kapirsa nêgih[21] | ing rama jêngandika | yèn karsa amusuh | angrabasèng kutha Pajang | inggih yêktos punapa batên sayêkti | ulun nêdha jinarwan ||
26. Senapati wuwusira aris | măngsa barong kang matur mring sultan | ratu pan têrus tingale | têrkane manah ulun | datan samar sri narapati | saparipolah iwang | bêrkate sang prabu | kagungan dalêm Mêtaram | datan narka yèn ulun ingkang barbeni[22] | mapan kagungan sultan ||
27. ulun angaturakên sakèhing | sêsuguhe kang abdi Mêtaram | jêngandika pan gustine | yèn suwawi ing kayun | tumanduka dhatêng Mêtawis | mapan nêgaranira | kasukana besuk | ing toya lawan dharatan | ulun saos sakarsa andika yayi | tampu arak waragang ||
28. Adipati Banawa sigra ngling | pra tumênggung ing măncanagara | nyata linyok ing wartane | bakite
--- [f. 188v] ---
ingkang matur | marang rama sultan ing nguni | yaktine iki ora | ujare amusuh | ingsun piyandêl si kakang | ing bêcike sakèhe wadya Mêtawis | dadi tinaha warta ||
29. Adipati Banawa anuli | lampahira prapta ing Mêtaram | tumanduk ing jro purane | sang dipati alungguh | pinarêk ing wadya Matawis | adhèr[23] wadya ing Pajang | ing ngarsa ing ngarsa supênuh |[24] amudhut[25] êbrêm waragang | Senapati agupuh dènira nglarihi |[26] galaganjur tinêmbang ||
30. adipati ing Tuban sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | ulun midhangêt wartane | jêngandika anêngguh | rêmên kang wong abêksa rangin | punapa kang kinarya | kakang watangipun | lan malihe wong Mêtaram | yèn alêkas kasukan abêksa lêmbing | punapa kang kinarya ||
31. Senapati Ngalaga nauri | abdi dalêm Mataram yèn bêksa | rangin sondhèr kang ginawe | yèn gêguyon anginum | papah gêdhang kinarya lêmbing | abdi dalêm Mataram | sami tiyang sudhu | kawruhe mung sêkul ulam | papah gêdhang tan wontên tinigas pancing | bubare sinêmpugan ||
32. adipati gumujêng sigra ngling | batên sami kalayan wong Tuban | wong Mêtaram digjayane | yèn bêbêksan anginum | wong ing Tuban yèn bêksa rangin | lêmbing têmên kinarya | gêguyon anginum | tur sarwi atadhah dhadha | pan aganti tur sami lêmbing-linêmbing | wus wantune wong Tuban ||
33. atanapi yèn abêksa rangin |
--- [f. 189r] ---
tubak têmên kang kinarya watang | ingkang minăngka[27] sodore | abêbêksa anginum | tan prabeda lawan ajurit | yakti tumbak-tinumbak | datan ana kondur | sampun wantune wong Tuban | alah paran mangke andika yêktèni | digjayane wong Tuban ||
34. Senapati Ingalaga angling | têtiyang dalêm Mataram tiwas | sami widhung ing tandange | lagya sami sinau | dèrèng wontên ingkang rêspati | wantune tiyang desa | yèn bêksa anginum | sami gagak awurahan | mung cangkême gumêdêr ambaribini | yèn bêksa tan tiyasa ||
35. Adipati Tuban ngandika ris | ulun darbe wadyanira Tuban | awagêd ambêksa tamèng | pitung nêgara punjul | nanging wadyanira ing Tubin | wisaya lan prayitna | datan ana mungsuh | wong pitung nêgara kalah | de wong siji inggih wadyanira Tubin | ulun mapan sumăngga ||
36. Senapati angandika aris | mendahane kang abdi Mataram | mulata wong bêksa tamèng | ingkang wagêd pinujul | ngalahakên pitung nagari | mendahe dening enggar | arêmên andulu | satuwuhe dèrèng mulat | wong dikjaya amirsa lagi ing mangkin | dening jênênge mudha ||
37. adipati ing Tuban sigra ngling | wong ingsun Tuban sira bêksaa | tandange wong bêksa tamèng | mupung padha awuru [a...]
--- [f. 189v] ---
[...wuru] | gêlarira dipun angênti | nulya wadya tumadang[28] | ambêbêksan sampun | tawok tamèng pan cinandhak | ngumbulakên alêpas marang wiyati | pan tinadhahan dhadha ||
38. ciptanira Adipati Tubin | nora pisan yèn ngrasa kasoran | wong Tuban kadikjayane | milane ragi gêndhung | măngsa ana nagri Mêtawis | kang kaya wong ing Tuban | dipati têkabur | lali Kang Murba Ing Jagat | adipati ing Tuban kasiku batin | wêkasane kasoran ||
39. tan rumasa Adipati Tubin | yèn ing mangke badhe katiwasan | katungkul gêndhungan bae | nora angon pakewuh | pêksanira ngungkul-ungkuli | marang sapadha-padha | batine angêkul | nyata yèn padha tumitah | nora wênang yèn kita angrasa luwih | kasiku ing Pangeran ||
40. ramya ingkang lagya risêdhênging | abêbêksan gamêlan gurnita | awor lan surak wadyane | lir ombak sêkgara[29] gung | Radèn Răngga sutane rèki | Senapati Ngalaga | anênggih kang sêpuh | anjawil dhatêng kang rama | nulya kagèt Senapati ing Mêtawis | sinêntak ingkang putra ||
41. adipati ing Tuban sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | punapa dadi dukane | ulun mirsa asêru | kapirare dening nêmêni | punapa purwanira | dukane kalangkung | Senapati aturira | pêcêl alit pun Răngga pêksa gumakit | sura tumut babêksan ||
42. angladèni [ang...]
--- [f. 190r] ---
[...ladèni] bêksane wong Tubin | kumawawa kaya wong bisaa | lumanang[30] paksa êngêne | dening wong mudha pugung[31] | cumanthaka paksa kumawi | dadi gawe paguyyan | maring kang wis luwung | botên layak tiningalan | tandangipun yèn pêcêl sampeyan alit | mudhati mudha dama ||
43. adipati ing Tuban sigra ngling | anak isun Ki Răngga lah aja | bêksane wong Tuban tamèng | bêksane pan wus gambuh | nora layak dera ladèni | masih balilu sira | gurua karuwun | lêhêng totonên kewala | pan tirunên bêksane wong Tuban luwih | Mêtaram noronana ||
44. adipati ing Tuban ningali | maring Radèn Răngga ing Mêtaram | tansah dèn jawil ramane | pisan pindho ping têlu | pan dinukan ing ramanèki | Radèn Răngga amêksa | padha sira dulu | rewangira lêligihan | Senapati Ingalaga ngrasa isin | pinothah ingkang putra ||
45. adipati ing Tuban sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | bok tinurutan karsane | awêlas sun andulu | putranira kita umbangi | lah iya abêksaa | padha sêsinau | hèh wong Tuban sutaniwang | Radèn Răngga aja sira katêmêni | rewangi bêksa kêmbang ||
46. hèh wong Tuban poma sira iki | ladenana Radèn Răngga bêksa [bêk...]
--- [f. 190v] ---
[...sa] | malah wurukên tandange | isun tugêl gulumu | nêmênana ing suta mami | lah wurukên kewala | iku anak isun | darapon tutuga suka | bêbêksane wayahe wong anom pêkik | kudu bara penginan ||
47. Senapati Ngalaga sigra ngling | sutèng ulun Răngga lah miyanga | pangandikaning gustine | tamèng tawok pinundhut | pa[32] gatong[33] pat kang tamèng siji | waja ingkang kinarya | gawok kang andulu | gatong kalih tawokira | sarêng mimba kagyat Adipati Tubin | satuwuk dèrèng mulat ||
48. tan kumêdhèp dènira ningali | pan malongo tan kêna ngatika[34] | angucap ing jro nalane | nora layak puniku | gêgamane jalma puniki | tan ana tanah Jawa | wong kadya puniku | anulya sira tumandang | Radèn Răngga tamèng tawok dèn gêgêmi | ngumbulakên mring wiyat ||
49. tawokira mibêr kadya pêksi | alap-alap katonnya ing tawang | tumurun sangêt udhune | pan tinadhahan pupu | pan tinundha ing dhadha malih | murub kang tamèng waja | sênjata pan lêbur | mantri Pajang padha cingak | adipati ing Tuban wirang kapati | angrasa yèn kasoran ||
50. adipati ing Tuban sigra ngling | lah wong Tuban bêksa têmênana | gêlarira dipun êntèk | karo pan padha têguh |
--- [f. 191r] ---
pan pracaya ulun tingali | karo padha dikjaya | wong Tuban anuduk | dening sampun kinajepan | dening gustinira Adipati Tubin | ngêtokkên gêlarira ||
51. Radèn Răngga sinuduk tan gisir[35] | ngiwa nêngên bêgja tan tumama |[36] lir lalêr mencok tibane | panudukira luput | duk dinadêl[37] tan kêna lungit | sasat wayang-wayangan | pan ilapat tuhu | nyatane ayun lan baka | tumbak kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring jatine jalma ||
52. Radèn Răngga tan amalêsi |[38] maksih eca dènira ambêksa | angêntèkkên ing polahe | Dipati Tuban muwus | Radèn Răngga malêsa aglis | sira nyata digjaya | wong Tuban anuduk | ing ulun sampun pracaya | bêtah pira sira datan amalêsi | rêmêk sasananira[39] ||
53. kinèn malês pisan pining kalih | tri tan miyang sira Radèn Răngga | maksih eca bêksa tamèng | Dipati Tuban muwus | kakang Senapati Mêtawis | Radèn Răngga punika | ulun atak sampun | malêsa maring wong Tuban | datan arsa yèn dede dika pribadi | kan akèn amalêsa ||
54. Senapati Ingalaga angling | sutèng ulun radèn amalêsa | pan kinon dening gustine | Radèn Răngga wotsantun | nulya
--- [f. 191v] ---
sèlèh tamèng lan lêmbing | tumandang karo tangan | pinapak anêpuh[40] | tinabok lan tangan kiwa | kapisanan mukane lir dèn sèsèti | kulit katut ing tangan ||
55. mantri Pajang gègèr samya ajrih | aningali wirotamanira | Radèn Răngga digjayane | Radèn Răngga anambut | tamèngira abêksa malih | ngumbulakên mring wiyat | tamèngira muluk | udhune lir alap-alap | anibani ngiringane Sang Dipati | Tuban lampite tatas ||
56. lampitira sigar dadya kalih | adipati ing Tuban anjola | kalangkung sangêt mirange | netranira akusut | wadya Pajang samya atitrim | pangeran ing Bênawa | sigra mamit[41] kondur | myang Patih Măncanêgara | Adipati Tuban bubar tanpa pamit | sawadyabalanira ||
57. tunjang-tinunjang kang wadya alit | lampahira sami rêbut ngarsa | sangking asangêt ajrihe | tan emut gustinipun | wontên paksi bubut amuni | ana pinggiring marga | kagèt padha mlayu | sinêngguh macan angadhang | palayune pati-pati bêntusi |[42] tanbuh musuh lan rowang ||
58. lampah enggal tan kawarnèng margi | sampun prapta ing nagari Pajang | cumundhuk ngarsa sang katong | Pangran Bênawa [Bê...]
--- [f. 192r] ---
[...nawa] matur | mring kang rama sri narapati | sampun ulun pariksa | putranta pukulun | Senapati Ingalaga | botên wontên tilase yèn arsa balik | malah ulun pinapak ||
59. saisine nêgari Mêtawis | ing dharatan myang isine toya | sadaya kacaosake | datan mrăntra[43] ing sêmu | putra dalêm pun Senapati | tan mambu prasanakan | urmate kalangkung | yèn kala ulun anendra | para[44] rabi sumandhing kawula guling | datan taha ing manah ||
60. sinambungan aturira aris | Kyai Patih Amăncanagara | saèstu ing pambalike | ri sutanta pukulun | Senapati nèng Matawis |[45] sawêg apalikrama | anamur ing sêmu | kasap alus kawikanan | andhap asor kang kinarya aling-aling | èstu balik karsanya ||
61. aturira Dipati Tubin |[46] inggih yaktos balih[47] karsanira | pun kakang Senapatine | abdi dalêm pukulun | tiyang Tubin pêjah kêkalih | tinandhing sami bêksa | lawan sutanipun | Senapati Ingalaga | tuhu prawira digjayane angênti | kang aran Radèn Răngga ||
62. Pangeran Bênawa sigra angling | Adipati Tuban jêngandika | saèstu kang salah gawe | aganggu macan turu | wong Mêtaram kita gêndhungi | gène wong sagêd bêbsa[48] | samya dibya luhung |
--- [f. 192v] ---
wêkasan kita kasoran | anauri Sang Adipati Tubin |[49] yayi para mèndêla ||
63. sigra matur Adipati Tubin | pun kakang Senapati Nglaga |[50] pinapaga ing jurite | dêdamêl Pajang sèwu | sinarênga mara kang jurit | pasthi botên anăngga | digjaya atêguh | Senapati pan satunggal | digjayane luwih saking sanêgari | tanpa sisih rat Jawa ||
64. Sultan Pajang sandeya kang galih | amiyarsa ature punggawa | myang tênaya lan mantune | dening salaya atur | nora nunggal dadi sawiji | Sultan Pajang ngandika | marang ki tumênggung | sira mantriningsun lawas | wus atuwa moal tan matur sayakti | marang ing jênêng ingwang ||
65. Adipati Bênawa puniki | mapan wode ing ati manira | putra lanang sajugane | saature sun gugu | kang sun gadhang gumanti aji | măngsa amrih ngrusaka | panjênêngan ingsun | kyana patih atur sêmbah | pan sumăngga ing karsa paduka ji |[51] sang prabu angandika ||
66. ingsun tutur Senapati uni | kala bocah misih manakawan | ing raina ingsun sare | Senapati atunggu | anèng dagan ingsun aguling | ana karsaning Sukma | ula prapta agung | arsa narajang maringwang | Senapati atangginas anyakêli[52] | kang sarpa kapisanan ||
67. wus mêngkana ingsun acangkrami | maring wana ing rame sêmana | anggêrit sangsam lan banthèng | Ki Senapati [Senapa...]
--- [f. 193r] ---
[...ti] mèlu | ngiring-iring ana ing wuri | mantri padha kapisah | lawan jênêng ingsun | padha ngrêbut giring sangsam | lawan banthèng amung ingsun ingkang kari | kalawan garwaningwang ||
68. tan antara ana banthèng kanin | nuli ngamuk datan ana mapag | narajang panggêritane | Senapati anêmpuh | sungunira pan siji sisih | cinêkêl aning tangan | pokah ponang sungu | banthèng mati kapisanan | duk sêmana digjayane Senapati | risêdhêng lagi bocah ||
69. mêngko iki saya wuwuh sêkti | pan wus tuwa waspadèng wêweka | widyagdèng ing sasmitane | amikanakên èsmu | lawan ingsun wêruh ing wangsit | sakarsanira munthah | mapan ingsun ugung | sakèhe pawartanira | tan sun ngrungu anak ingsun Senapati | wis kaya gon ayoga ||
70. tata tita nglingira ing nguni | kang kocapa Ki Tumênggung Mayang | kang garwa ika arine | Senapati puniku | pun Tumênggung Mayang bupati- | nira sultan ing Pajang | pan olèh babêndu | dosane kala sêmana | putranira anyarogoh ingkang putri | aran Radèn Pabelan ||
71. sasampuning mati ing jro puri | kangjêng sultan amiyarsa warta | pênggawe saking ramane | sasampunira katur | kangjêng sultan graitèng galih | dhatêng Tumênggung Mayang | langkung dukanipun | arsa winade mring sabrang | wadya Pajang cacah sèwu ingkang
--- [f. 193v] ---
ngiring | mangkat maring Sêmarang ||
72. Ki Tumênggung Mayang jaluk èstri | nulya atur sêrat mring Mataram | kang duta umêsat age | prapta nagri Mêtarum | lajêng saos ing dalêm puri | Senapati pinarak | risang duta matur | kalayan ingkang nawala | tinampanan ing Senapati Mêtawis | sinukmèng ing wardaya ||
73. wiyosipun kakang Senapati | pan kawula dinukan jêng sultan | ing mangke kinesahake | winade sabrang ulun | kawan dasa mantri kang ngiring | sèwu dêdamêl ingkang | samarga angêpung | kawulane tulungana | abdèkêna sampun lyan marintah malih | anging paduka kakang ||
74. layangira pan sinuwir-suwir | ingkang jaja upama têmbaga | abrit pratăndha kdune[53] |[54] ingkang lathi kumêdud | netyanira lir wora-wari | ujyalanira abang | sangêt sangêt ingkang bêndu |[55] kadya mêdal kang dahana | sru bramatya Senapati ing Mêtawis | kang sinêmbah Ingalaga |[56]|
75. pangandikanira èsmu runtik | hèh samitra mantri pamajêgan | ingsun jaluk ing gawene | majêgan patang puluh | pan rêbutên sadulur mami | ari Tumênggung Mayang | mêtua ing Kêdhu | rêbutên sagon kapapag | nulya padha sinangonan ingkang mantri | pamajêgan sadaya ||
76. jarijine kinêbakan singsim | pan sêsotya myang kêncana mulya | gêbyar-
--- [f. 194r] ---
gêbyar duk ingangge | sêsotya mawi kuwung | măncawarna lir lintang ngalih | asri yèn tiningalan | arêmên kang dulu | asih sakèhing wanodya | pratandhane rêtna widyadyèng pawèstri | tan rumasa yèn pêjah ||
77. mantri[57] kawan dasa angabêkti | ganti samya angaras suku sang | mangkana ing sasmitane | baya mêngko anaur | ing[58] sakèhe danane gusti | tugêle jangganingwang | tumêngkèng[59] ing lampus | panaur ingsun pan kurang | maring gusti kiwuhan boga pangasih | Sukma kang muwuhana ||
78. nulya mangkat prapta Gêdhu[60] aglis | Jatijajar wong Pajang kapapag | kala sêdhêng pamondhoke | nulya sira dèn amuk | mantri Pajang kathah kang mati | dening wong kawan dasa | wong Pajang kaburu | Tumênggung Mayang karêbat | mantri Pajang sisane mantri wus mulih | asaos kangjêng sultan ||
79. mantri Pajang matur sarwi nangis | pun Tumênggung Mayang pan rinêbat | ing Jatijajar parnahe | wadya sèwu ingamuk | dening mantri saking Matawis | kathahe kawan dasa | sami têguh-têguh | ingamuk luhuring kuda | wadya Pajang tinigas janggane mati | Tumênggung Mayang kêna ||
80. abdi dalêm sisane kang mati | sami giris bubar sowang-sowang | ulun atur têtêkane | dening tiwas ingutus | datan măngga puliha malih | Sultan Pajang ngandika | pan wus nyata iku | Senapati Ingalaga | pambalike dene amurwa ing jurit | lah payo
--- [f. 194v] ---
mangkat aprang ||
81. Kangjêng Sultan Pajang nitih èsthi | ginarêbêg punggawa sadaya | pêpêk kabèh sêntanane | lêlayu umbul-umbul | endhe bêdhil kalêm miranti | tumbak putih lan binang | trisula lan ganjur | towok tamèng lawan panah | pan kumbala tulup suligi lan lêmbing | lir kilat thathit mubyar ||
82. mantri Pajang abusana asri | bêbadhong mas atopong kêncana | binggêl singsim darijine | ajamang mas kêkalung | akêlambi sakêlat abrit | ana kêlambi bapang | kinarya bêludru | ana maliyo myang sutra | sora-sari sinulam kancana adi | myang kêre gagênderan ||
83. warnanira lir parwata sari | alêlaku yèn tinon dening Yang | Sultan Pajang makuthane | cinawi intên murub | lir baskara kang lagi mijil | sang yyang surya kasoran | ing ujyalanipun | akucêm asru lir wirang | ujyalanya sirna mapan wus gumanti | ujyalaning makutha ||
84. Suntan[61] Pajang lampahe wus prapti | pasanggrahan aning Parambanan | anulya baris kubênge | Senapati amêthuk | Randhulawang gènnya abaris | pêpêk sakulawarga | wong dhomas akumpul | mèh surup sang yang ruditya | Arya Jămba pêpitu mantri Matawis | nabuh bêndhe Ki Bicak ||
85. Gunungkidul gènira miyosi | tinumpukan kayu pan jinajar | sapambêdhil antarane | sarêng ingabong murub | bêndhenira Ki Bicak muni | angangkang
--- [f. 195r] ---
anèng wiyat | bala Pajang ngrungu | tuhu anèng awang-awang | Sultan Pajang miyarsa Ki Bicak muni | tyas kapita gya mujar ||
86. ing Prawatakidul sun tingali | kadya gêni unine Si Bicak | angangkang sangêt sêrune | wong Pajang wus andulu | kaya mêtu luhuring ardi | syarane kapiyarsa | kadya langit rubuh | Adipati Tuban mujar | jêng sang nata paduka amêmêdèni | pinirêng dening wadya ||
87. ing tarkane manah ulun tani[62] | yèn apranga lawan wong Mataram | myang kakang Senapatine | wong tamtama puniku | nuhun kula abêna jurit | pan widadya arosa | samya têguh-têguh | yèn abdi dalêm tamtama | kados nyăngga digjayane Senapati | tandhinga ing ayuda ||
88. kangjêng sultan angandika aris | sutèng ulun dipati ing Tuban | aja sira wani age | Senapati amungsuh | wruhanira wus têkèng jangji | angalih cahya nurbuwat |[63] Senapati mêngku | ing tanah Jawa sadaya | pan aseba mring Senapati Matawis | yèku kang dadi dilah ||
89. kang kocapa Kyai Senapati | duk pinarêk aning pasanggrahan | iya Ki Juru rowange | alon dènira amuwus |[64] mring kang putra Ki Senapati | kadipundi ing karsa | mapan ora wurung | aprang lawan ramanira | pira dohe lêt Kali Umpak sawêngi | ejinge para aprang ||
90. ulun iki luwih dening isin | aningali muka mantri Pajang | yèn têkaa
--- [f. 195v] ---
ing yudane | dene bapa lan sunu | silih ukih rêbut nêgari | Senapati gya mujar | punapa rèhipun | ingkang sae linampahan | ulun paman anut ing karsa umiring | pundi ingkang prayoga ||
91. Kyai Juru Amartani angling | yèn sêmbada lawan karsanira | dhingin ika sêmayane | kalawan Nyai Kidul | sampun sêdhêng mangke tinagih | kang sêmaya ing arga | mara ingkang sanggup | măngsa cidraa sêmaya | maring kita yaktine manira tagih | pinrih iki dhatênga ||
92. Senapati Ngalaga nyipta ning | sigra ngadêg tumênga ing tawang | angèstokkên ing jangjine | kalawan Nyai Kidul | nulya kumyus mêsês kang angin | bayu badra narajang | sêmpal kayu kêpuh | kapupuh myang kaparapal | padha gêrud udan prapta riwis-riwis | setan jim padha têka ||
93. tan antara surak anèng langit | gurnitane kadi langit rêbah | kang prawata gya lumèngsèr | prakatha padha umyung | tan antara Gunung Mêrapi | nauri nulya bêngkah | kawah gumalêdhug | udan awu nulya prapta | gugur gunung watu kalawan karikil | lèngsèr lindhu mring Umpak ||
94. watu agêng alit sami prapti | sarêng ladhu anèng Kali Umpak | kèli maring sor parane | padha bisa cêlathu | hèh wong batur kang gêdhe cilik | sira iki ngandikan | ngalahakên [ngalaha...]
--- [f. 196r] ---
[...kên] mungsuh | kang ana ing Parambanan | Sultan Pajang iku mungsuhira jurit | sawêngi kalahêna ||
95. Sultan Pajang miwah para mantri | kagegeran dening ladhu minggah | andhêsêk pasanggrahane | mantri padha lumayu | sowang-sowang arêbut dhingin | panarka yèn kiyamat | dening watu nêmpuh | pasanggrahan ing dharatan | nora layak watu ladhu angunggahi | padha bisa angucap ||
96. Sultan Pajang tinilar ing mantri | mapan sirna kang wadya sadaya | binokokan gêgamane | sakala sigra kundur | ing Giligan gènira miranti |[65] laju maring Têmbayat | ing astana ngujung | kunci sinorog tan kêna | kangjêng sultan angujung saking ing jawi | sri nata angandika ||
97. hèh kunci apa karane iki | lawang gêdhong sinorog tan kêna | pun kunci aris ature | jênêngira sang prabu | tan winênang dening Yang Widi | tinampik karsanira | dening kang tinunggu | wong mati parêk ing Sukma | cahyanira nurbuat sampun angalih | maring Raja Mêtaram ||
98. Sultan Pajang kèmêngan kang galih | amiyarsa ature wong tuwa | nulya sira ngalih ênggèn | ana ing Bale Kêncur | salamine gènira guling | dèrèng kadi punika | nikmate kêlangkung | nulya wungu dènnya nendra | lajêng kundur sri nalindra nitih èsthi [è...]
--- [f. 196v] ---
sah Martadikrama
[...sthi] | lumampah tibèng marga ||
99. kangjêng sultan tandhu dèn titihi | nulya gêrah sarira sadaya | arêmbên ika lampahe | Senapati angrungu | lamun gêrah sri narapati | anyabrang Kali Umpak | mangetan anusul | ambêkta wong kawan dasa | karsanira ngatêrakên ing sang aji | bubar baris Mataram ||
100. wadya Pajang miwah para mantri | samya kagyat sarêng padha mulat | Senapati panusule | untap-untapan laku | para putra matur sang aji | Senapati Ngalaga | katingal sumusul | dèn iring wong kawan dasa | wêtawise yèn karsa paduka ji |[66] pinapag winangsulan ||
101. Senapati
--- [f. 197r] ---
[...]
--- [f. 197v] ---
[...]
--- [f. 198r][67] ---
wadyanira kêdhik | mapan purun ulun mêrangana | kang para putra ature | ngandika sang aprabu | sutèng ulun kabèh sirèki | aja sira sumêdya | wania amungsuh | mring Senapati Ngalaga | kakangira gêgantiningsun yèn mati | kadang tuwa sinêmbah ||
102. kakangira kaki Senapati | ngatêrakên maring isun ika | marma duwe wong tuwane | mapan wruh gêrah ingsun | partandhane iku gumanti | adarbe wong atuwa | abêkti maringsun | ing besuk sapukur ingwang | yèn sun lalis sira dèn atut ing benjing | kalawan kakangira ||
103. yèn sira tut lawan Senapati | yèn sun lina jênêngira nata | Senapati kang agawe | pan iku gantiningsun | Senapati lir gèn ayogi | lamun sira sawala | ing gêgantiningsun | yêkti tan jumênêng nata | yèn sun lalis kadang tuwa tan ngamini | ilang jênêng kawiryan ||
104. Adipati Bênawa anangis | amiyarsa sabdane kang rama | miwah sêntanane kabèh | umyung anèng dêlagung[68] | pan sinêlak lampahe aglis | rawuh nagarèng Pajang | malêbèng kadhatun | Senapati Ingalaga | masanggrahan anèng desa Mayang nênggih | raryan sawadyanira ||
105. Sultan Pajang amiyarsa warti | yèn kang putra anèng desa Mayang | nulya pinutusan age | duta prapta umatur | jêngandika dipun timbali | ing rama kangjêng sultan | rawuha kêdhatun | Senapati aturira | risang duta matura kangjêng rama ji | nuwun ulun tan seba ||
106. lawan nuwun manira tan [ta...]
--- [f. 198v] ---
239
[...n] mulih | ulun iki nganti karsaning Yang | aturêna ing sang katong | dutanira gya wangsul | marang kitha matur sang aji | kèndêl sultan ing Pajang | Senapati nêkung | maladi samadi ning kang | anèng Mayang wayah têngah dalu nênggih | pun Juru Taman prapta ||
107. amêng-amêngane Senapati | gêdhenira pan sagunung anak | mêndhêg ngalosod ngarsane | pun Juru Taman matur | abdi dalêm saos ing gusti | bilih wontên kang karsa | angrabasèng prabu | ing Pajang ulun lumampah | pêjah gêsang kawula ingkang nglabêti | gusti kantuna wirya ||
108. Senapati angandika aris | juru taman ingsun atarima | maring sira pracayane | ingsun tan darbe kayun | ing sakarsanira umiring | juru taman anêmbah | anulya tumanduk | malêbu marang kadhatyan | Sultan Pajang kapanggih gêrah alinggih | binithi jajanira ||
109. Sultan Pajang kêntaka gumuling | tinangisan ingkang para garwa | miwah putra sêntanane | gumêdêr sami muwun | sarêng enjing suntan anglilir | saya sangêt kang gêrah | Senapati ngrungu | sakathahe wong Mêntaram | pinundhutan padha ngaturi sêlasih | binêkta nagri Pajang ||
110. Senapati Ngalaga Mêntawis | cinarita anèng desa Mayang | tigang dalu tri dinane | Senapati wus kondur | ing Mêtaram kocap ing wuri | pangeran ing Bênawa | sigra nulya matur | jêng rama putra paduka | Senapati wong Mêtaram dèn pundhuti | sêlasih samya tumbas ||
111. agotongan apikulan [a...]
--- [f. 199r] ---
[...pikulan] sami | tinumpukan ing nagari Pajang | ing kori sakèthèng kilèngn[69] | ngandika sang aprabu | kakangira Ki Senapati | asru gumati mringwang | darbe bapa mringsun | iku tăndha sih-sinihan | pan waspada sutèng ulun Senapati | yèn ingsun mèh pralina ||
112. ta antara seda sri bupati | kang nukêmi putra lawan graha | lara-lara sêsambate | miwah kang mantri agung | dêmang răngga lawan ngabèi | dhatu ji pandêlêgan | kandhuruan muwun | pêcattăndha sru karuna | para cèthi gumêrah syaraning tangis | gurnita lir samodra ||
113. Adipati Bênawa sigra ngling | sakabèhe para mantri Pajang | padha sun jaluk tarèhe | ulun kinon apatut | pitungkase kangjêng rama ji | Senapati Ngalaga | pinutra pêmbayun | kang rama mapan wus seda | prayonggèngsun[70] pun kakang ingsun putusi | sinung wruh sultan mafan[71] ||
114. bêcik gêlêm tan gêlêma singgih | mapan iku kadang ingsun tuwa | jêng rama ji gêgantine | dununge sêmbah ulun | mantri Pajang kabèh umiring | dutanira umêsat | prapta ing Mêtarum | tumama ing panangkilan | wus cumundhuk ing ngarsane Senapati | duta matur anêmbah ||
115. lampah ulun ingutus kang rayi | Kangjêng Gusti Pangeran Bênawa | ngaturakên ing sêmbahe | katura ing pukulun | pitungkase arinta gusti | angaturi uninga | ramanta sang prabu | kangjêng sultan sampun seda |
--- [f. 199v] ---
yèn marêngi kalayan lêganing galih | paduka ingaturan ||
116. pinaraka ing Pajang anênggih | ingarsa-arsa rayi paduka | ingantos anucèkake | ing layonnya sang prabu | amiyarsa Sang Senapati | kagagas ing wardaya | sedane sang prabu | Senapati angandika | mring kang paman Kyai Juru Amêrtani | dhèrèka dhatêng Pajang ||
117. Senapati sigra nulya nitih | ing undhakan lampahe anongklang | nulya prapta Pajang age | tumamèng ing kêdhatun | sapraptane layongn[72] sang aji | tumulya sinungkêman | padane sang prabu | Senapati Ingalaga | pangèstune mring kang rama kadya masih | syargi kang panjênêngan ||
118. tan antara layon dèn sirami | wus kinapan sêmbayange pisan | rinămpa binêkta age | pinêtêk anèng Butuh | sigra maos donga talêkim | andonga sampun tamat | sigra nulya mantuk | prapta ing nagari Pajang | pakumpulan sakèhe pandhita mantri | pêpêk sêntana putra ||
119. Susuhunan Kudus sigra angling | marang sakèh para mantri Pajang | putra sapa ing yogyane | ingkang gumanti ratu | sinebaa ing para mantri | sami matur sadaya | mring Susunan Kudus | yèn suwawi lawan karsa | Adipati Bênawa yogya gumanti | putra jalu satugal ||
120. Sunan Kudus angandika aris | tan sêmbada iku
--- [f. 200r] ---
gumantia | Adipati Bênawane | kang yogya dadi ratu | adipati ing Dêmak singgih | mapan iku kang tuwa | ibu bapa ratu | kang èstri putra kang tuwa | Sultan Pajang kang lanang putrane iki | adipati ing Dêmak ||
121. ingkang mantu yogya dadi aji | dene wadon lawan lanang ika | karo têrah kusumane | Dipati Bênawèku | sampun kinèn linggih nagari | ing Jipang kang wasiyat | sultan duk karuwun | yogya maringa ing Jipang | awismaa lawan jumênênga aji | ing Jipang sinebaa ||
122. Senapati sêdya turun angling | nulya sinaru mring Ki Juru mujar |[73] Senapati payo mulèh | anulya sami kondur | anèng marga Ki Juru angling | Senapati Ngalaga | ayya turun wuwus | sakarsane wong sêsanak | silih ukih akudon rêbut nagari | sokur dadia aprang ||
123. lêhêng kita mêmulea dhikir | asidhêkah amburua sasam[74] | kidang kancil lawan banthèng | ing Mataram pan agung | miwah bêras kalawan pari | murah sarya tinumbas | tulus kang tinandur | agunga sira kasukan | ing Mataram nagaranira abêcik | ayya nêdya ing Pajang ||
124. sampun rawuh nagari Matawis | Senapati anggung acêngkrama | kocapa nagri Pajange | Dipati Dêmak mantu | kang gêntosi jumênêng aji | pangeran ing Bênawa | ing Jipang wus lungguh | pandumira mantri Pajang | pinartêlu rong duman pinundhut mêksih | kantun ingkang saduman ||
125. kang rong duman pinaringkên
--- [f. 200v] ---
sami | mantri Dêmak wadyanira lama | padha jinunjung lungguhe | ana jênêng tumênggung | miwah arya lawan ngabèi | răngga lan pandêlêgan | kandhuruanipun | pêcattăndha lawan dêmang | pan wêrata mantri ing Dêmak wus mukti | awisma wontên Pajang ||
126. mantri Pajang garêsah ing ati | dene kalong ingkang gêgadhuhan | padha ala pangucape | age anaa mungsuh | dèn rusaka Pajang puniki | katuwane wak ingwang | tinilar ing ratu | kaliwat dening alara | kèh durjana ing Pajang wong bêdhog ngutil | anayab wong bêbegal ||
127. mantri Pajang kabèh padha miring | panêdhanira anaa karya | dhatêng ratune kang mangke | apan adarbe kayun | Kyai Senapati Mêtawis | mantri Pajang kang lama | Pangalasansèwu | aputusan mring Mataram | duta mêsat lumampah sadalu margi | enjing prapta Mataram ||
128. duta mangsah tumama ing puri | Senapati kapanggih pinarak | kang duta lajêng lampahe | cumundhuk anèng ngayun | sigra matur saha wotsari | kawula kang putusan | Pangalasansèwu | atur uninga paduka | rayi dalêm ing Dêmak jumênêng aji | gumanti Sultan Pajang ||
129. mantri Pajang tan sarju kang ati | datan eca gènipun ngawula | dhatêng ratu ingkang mangke | gêgadhuhan pinundhut | tigang atus satus kang maksih | abdi dalêm sadaya | alit manahipun [manahipu...]
--- [f. 201r] ---
[...n] | marmane miring kang manah | Pajang risak ing dalu garigis maling | yèn rintên rêbat sawah ||
130. yèn sêmbada lan kêrsaning gusti | darbe karsa angrabasèng Pajang | mapan sêdhêng mupung mangke | Pajang lagya rahuru[75] | mantri anyar arêbat bumi | wadya Pajang kang lama | mung gusti pukulun | ingkang dipun arsa-arsa | samangsane darbe karsa nuli balik | umiring ing paduka ||
131. Senapati angandika aris | lah sang duta isun atarima | sangking sangêt pracayane | tan bisa malês ulun | maring kănca kang padha asih | ingsun pan durung arsa | nganti sih Yang Agung | angrabasèng maring Pajang | pirabara dongane wong sanêgari | rusak Dipati Dêmak ||
132. lamun ingsun kinon de Yang Widi | mapan gampang rusake ing Pajang | Dipati Dêmak patine | yèn kinarsakkên ingsun | dening Sukma jumênêng aji | ari Dipati Dêmak | yèn ta mêksih kukuh | tan kêna sinêdya rusak | dening jalma nugraha lara lan pati | pêsthi kagunganing Yang ||
133. duta mantuk ing Pajang wus prapti | kang kocapa Pangeran Bênawa | ing Jipang nênggih prajane | asakit galihipun | datan kêna dhahar lan guling | lumampah kasutapan | asru dènnya nêngkung | nalika ayun adhahar | lamun ana sisane wong kang abukti | tibèng lêmah dhinahar ||
134. lamun dalu sinêru kang brangti | anaritis pêrnahirèng nendra | tan kasongan ing wangane | wayah ing têngah dalu | nulya ana syara mèngêti [mèngê...]
--- [f. 201v] ---
[...ti] | datan awarna rupa | syara kang karungu | sira ngambila sêrana | kakangira Senapati wus pinasthi | kang têtulung ing sira ||
135. sarêng myarsa syara kang mèngêti | nulya wungu ngandika ing wadya | hèh ta sira ingsun kokon[76] | ingkang pitungkas sampun | asebaa marang Matawis | dèn êntèk aturira | mangkat kang ingutus | tan antara nulya prapta | ing Mataram Senapati pan kapanggih | sêdhêngira sinewa ||
136. duta Jipang nêmbah matur aris | abdi dalêm kawula dinuta | ngaturakên ing sêmbahe | katura ing pukulun | kang pitungkas arinta aji | sampeyan ingaturan | ing ari pukulun | ngrabasèng nagari Pajang | lungguhêna kang ari jumênêng aji | paduka kang nêtêpna ||
137. Senapati Ingalaga angling | risang duta lah sira matura | maring yayi Bênawane | ulun iki tan wêruh | sakarsane rêbut nagari | lawan ipene dhawak | kajaba kayèngsun | mapan uwus ing Mêtaram | winarisan de sultan rama sawargi | kang sun rowangi pêjah ||
138. risang duta nêmbah nulya pamit | wus lumêpas mantuk marang Jipang | nulya prapta nêgarane | ing gustine umatur | kang timbalan rakanta gusti | Senapati Ngalaga | sadaya wus katur | Pangeran Bênawa mujar | marang duta balia maring Mantawis | ya ta winêling têlas ||
139. risang duta agya wangsul malih | lampah igal[77]
--- [f. 202r] ---
prapta ing Mataram | tumama ing kêdhatone | Senapati alungguh | duta nêmbah umatur aris | kang sinêmbah Ngalaga | kawula ingutus | rayi Dipati Bênawa | aturira supados sarju kang galih | lawan kang panjênêngan ||
140. arinta Pangran Bênawa nênggih | ingkang karsa ing Pajang tan suka | kalinggihan ing ipene | lêhêng mangke pukulun | gumantia Pajang Nrêpati | adipati ing Dêmak | alungguh tan patut | yèn paduka datan arsa | jênêngêna ing rayi paduka singgih | Adipati Bênawa ||
141. lêhêng kadarbea ing Matawis | jêng paduka guntia[78] sultan |[79] amêngkua kaprabone | suka ari pukulun | lamun gusti jêmênêng aji | pantês putra kang tuwa | jumênênga ratu | anêgih rayi paduka | sakecaa adhahar lawan aguling | paduka jumênênga ||
142. Senapati Ingalaga angling | hèh sang duta mêngkono kang karsa | Pangeran ing Bênawane | têmua lawan ingsun | amarkara ing Pajang iki | nuli sira muliha | matura gustimu | ari Pangeran Bênawa | sun aturi pinarêka ing Mêtawis | Gunungkidul miyosa ||
143. risang duta nêmbah nulya pamit | lampahira samya sêsandêran | nulya prapta Jipang age | tumama ing kadhatun | Sang Dipati Jipang alinggih | kang duta matur nêmbah | kawula pukulun | rakanta ingkang pitungkas | jêng paduka pinarêka ing Matawis | lawan kang wadyabala ||
144. Sang Dipati
--- [f. 202v] ---
Bênawa sira glis | sigra budhal lan sawadyanira | arêmbên ika lampahe | miyos ing Gunungkidul | iring kang lor kang dèn margèni | anulya sira prapta | nênggih desa Wrêru | Senapati Ingalaga | sigra mapag sagêlar papaning jurit | praptèng Wêru saksana ||
145. Senapati Ingalaga panggih | lan kang rayi Pangeran Bênawa | nulya rêrangkulan age | amasanggrahan sampun | pagunêman sirèng ajurit | prakarèng nagri Pajang | mapan sampun kasub | nagari Pajang kapita | mantrinira anêrka yèn anêkani | ngrabasèng kitha Pajang ||
146. mantri Pajang kathah ingkang balik | lan lumampah sagêlar sêpapan | samya amapag karsane | marang ing desa Wêru | ngidul bênêr anulya prapti | Senapati Ngalaga | pasanggrahan lungguh | mantri Pajang padha nêmbah | angabêkti ing pada Sang Senapati | lungguh ngarsa mangrêpa ||
147. mantri Pajang samya matur aris | yèn paduka angrabasèng Pajang | ulun dadia pangrêpe | mantri sadaya purun | ingabêna sirèng ajurit | lawan Dipati Dêmak | abdi dalêm sanggup | anigasa ingkang jăngga | matènana ing ari paduka aji | adipati ing Dêmak ||
148. mantri Pajang sadaya wus ênting | duk sêmana dipati ing Dêmak | amung kantun gêgamane | wong Dêmak lawan Kudus | lawan malih têtiyang ngabdi | ingkang ambaurêksa [ambau...]
--- [f. 203r] ---
[...rêksa] | ing Pajang kêdhatun | Senapati Ingalaga | dadar-dadar rêtna kêncana pawèstri | maring kang têluk anyar ||
149. enjing mangkat lampahira aglis | pan kinêpang nagari ing Pajang | wong Mêtaram dhomas kèhe | wong pamajêgan kumpul | wolung èwu cacahing bumi | kalayan wong Kajoran | kèhe wolung èwu | busana mantri Mataram | akulambi bapang kang siniping-siping | myang kêre gagênderan ||
150. ana kulambi sangkêlat acih | myang malihe kang kulambi sutra | sora-sari lantar[80] jêne | myang kulambi baludru | atamèng mas murub kaèksi | kadi prawata sêkar | abrang yèn dinulu | mapan asor kang baskara | kasênênan ing pangage para mantri | lan kêdhape ing astra ||
151. kutha Pajang sampun dèn barisi | tumbak pêthak bung ampèl lan binang | bêdhil tawok lan parise | tamèng kang lawan ganjur | kumbala mrak bandera asri | abrang dening parada | lawan umbul-umbul | kalêm saligi lan pêdhang | lêmbing duduk sênjangta[81] lawan jêmparing | bêdhama lan sêsawat ||
152. Adipati Bênawa sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | yèn suwawi ing karsane | kutha Pajang puniku | rinabasèng sadina mangkin | nulya lajêng mring pura | tinigas kang gulu | pun Adipati ing Dêmak | binoyongan sakèhe putra lan rabi | miwah rajabêrana ||
153. Senapati anauri aris |
--- [f. 203v] ---
ari adipati ing Bênawa | pinrih kutha waluyane | aja grusa-gêrusu | dadi susah karya wong cilik | benjang singa darbea | maksiha akukuh | dika raryan jaba kutha | pan kawula ing mangke ingkang nglêboni | maring Dipati Dêmak ||
154. Senapati tumulya anitih | kuda kang aran pun Bratayuda | wêwiyosan sangking kilèn | anênggih ulêsipun | kudanira purnama sidi | wong Dêmak amêlantar[82] | kalayan wong Kudus | angungak ngigiling[83] kitha | samya ngagêm bêdhil sakèh para mantri | Senapati sinipat ||
155. wadya Demak lan wong Kudus sami | matur maring Adipati Dêmak | Senapati Ngalagane | anèng jawining pintu | ulun papag sakèhing bêdhil | mimis tan ana măngga | Senapati têguh | têkèng jaran tan tumama | ulêsipun purnama sidi pan dadi | malih ulês dhawuk bang ||
156. adipati ing Dêmak sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | ing lawang sakèthèng kilèn | papagên mimis sèwu | padha sira sarêng nyipati | êmas sira gawea | kang mimis puniku | miwah kang mimis sêlaka | sira goa wong Mêkasar kang tinuding | sami wong têtumbasan ||
157. wong Têrnate kalawan wong Bugis | myang wong Banjar kalawan Sêmbawa | padha tatêbusan kabèh | minggah ing kitha luhur | samya ngagêm tulup lan bêdhil |
--- [f. 204r] ---
suligi lan sêsawat | lêmbing panah duduk | cèngkèl towok wusa samêkta |[84] sarêng muni têtabuhan lawan bêdhil | lir pendah langit rêbah ||
158. Nyai Kidul surak anèng langit | kapiyarsa syaraning gumêrah | gumalêdhug Marapine | maruta prapta umyus | awor udan arimis-rimis | pratăndha yèn jim prapta | parayangan agung | milu angrabasèng Pajang | Senapati mangsah pinapag ing bêdhil | ingkang mimis kêncana ||
159. lawan mimis sêlaka nibani | sarêng lawan kang mimis kêncana | kadya udan ing tibane | ing jaja sarêng nêmpuh | atap gèpèng sakèhing mimis | tumèmpèl mugèng dhadha | asri yèn dinulu | lir wawêdhak pinarada | gêbyar-gêbyar sorote lir lintang ngalih | sêlaka myang kêncana ||
160. Senapati Ngalaga angrampit | pinggir kitha mugèng ngarsa lawang | dèn suligi lan lêmbinge | towok panah lan tulup | Senapati pan nora kêni | sasat wayang-wayangan | Senapati muwus | hèh si ala wong Mêkasar | aja milu sira arêbut nagari | pan sira tatêbusan ||
161. padha mundura sira dèn aglis | sira besuk sun mardikakêna | sakarêpira amilèh | karsanira sun turut | tan antara lumayu aglis | sakèh kang bala sabrang | Senapati rawuh | anèng sajawining lawang | Senapati anyêluk jawining kori | mèh dipun wênganana ||
162. padha mirsa wong kang tunggu kori | Senapati [Senapa...]
--- [f. 204v] ---
[...ti] yèn ajaluk lawang | pan sadaya nora awèh | mulane datan purun | sarèhning wong adarbe gusti | ajrih yèn mênganana | ana mantrinipun | Senapati Ingalaga | Kyai Gêdhong milya tinagênah[85] kori | Ki Gêdhong purwanira ||
163. tugal guru lawan Senapati | marang Kangjêng Sunan Kalijaga | kalangkung ewuh manahe | Ki Gêdhong nulya ngamuk | ing bature kang tugu[86] kori | gègèr sami malayya | sakarine lampus | Kyai Gêdhong kari dhawak | dèn wêngani samitrane Senapati | Ingalaga Mataram ||
164. Kyai Gêdhong sigra angabêkti | sarwi matur ing sêdya kawula | yèn suwawi lan karsane | ulun dadi pangayun | suka ngêmasana ing jurit | lawan wadya ing Dêmak | kêbêk ngalun-alun | Senapati Ingalaga | atarima sakèhe turira adhi | ing sêdya pakênira ||
165. dyan lumampah Ki Gêdhong kariyin | sigra prapta ngalun-alun Pajang | ya ta lêkas ngamuk age | pan tinadhahan ganjur | ana numbak lawan nyuligi | pan kêkathahên lawan | Ki Gêdhong wus lampus | salaminira agêsang | Kyai Gêdhong atêguh tan wruh ing gêtih | pasthi karsaning Sukma ||
166. Senapati lumampah ing wiking | aningali yèn Ki Gêdhong pêjah | Senapati andikane | Ki Gêdhong sanak ingsun | durung wruh sira rasaning |[87] satètès banyuningwang | nuli sira lampus | ing benjang sapungkur ingwang | kapanggiha turune Ki Gêdhong iki | kalawan turun ingwang ||
167. nutugêna ing bêcike benjing | abarênga suka myang wibawa | aja [a...]
--- [f. 205r] ---
[...ja] sêlaya rusake | lan anak putuningsun | wadyaningsun Mêtaram aglis | sasabana lêlincak | iku sanak ingsun | singgahêna pinggir marga | aja kèdêg[88] kang wong lumampah ajurit | yèn mulih binêrsihan ||
168. Senapati umangsah ing jurit | praptèng madya alun-alun Pajang | amanggung nitih kudane | Senapati anêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Kang | Amurwèng Pandulu | Senapati Ingalaga | nulya pana anungkêmi kêpuh waji | lali purwa daksina ||
169. wadya Dêmak kabèh padha baris | anèng alun-alunirèng Pajang | gègèr tan ana margane | asru palayunipun | kathah pêjah arêbut margi | kêni gêgaman dhawak | samya baturipun | datan nolih maring wuntat | apuyêngan anêrka yèn têkèng lalis | tan wruh purwa dêksina ||
170. Kyai Juru anitihi waji | miyos wetan kathah wong kapapak | Kyai Juru atêtakèn | wong apa sira iku | padha gègèr lumayu giris | wadyabala ing Dêmak | sêdaya sumaur | Senapati Ingalaga | ingkang ngamuk ing alun-alun anênggih | mila gègèr puyêngan ||
171. Kyai Juru Amartani angling | bala Dêmak ngapirani sira | Senapati pangamuke | dene sira lumayu | Kyai Juru lampahira glis | sêdya nusul kang putra | prapta ngalun-alun | Senapati Ingalaga | katingalan akêjêp luhuring waji | nèng alun-alun Pajang ||
172. Kyai Juru Amartani angling | Senapati Ingalaga sira | ujare karêp agêdhe | katungkul sira ngantuk | lah tangia sira dèn [dè...]
--- [f. 205v] ---
[...n] aglis | baya lali yèn pêrang | kagyat nulya wungu | umatur dhatêng kang paman | wontên pundi wong Dêmak ingkang abaris | ngalun-aluning Pajang ||
173. Kyai Juru Amêrtani angling | wadyèng Dêmak awêdi ing kita | gègèr asru palayune | payo padha malêbu | ing kêdhaton ing Pajang iki | sira Dipati Dêmak | sangêt ajrihipun | angungsi ana ing pura | tan anêdya miyosana ing ajurit | wus alingan ing garwa ||
174. Senapati wus tumurun aglis | waos têngên pêrnahe kang asta | kiwa nyêkêl kêndhaline | minggah ing Sitiluhur | Kyai Juru Martani angling | aja sira tumêdhak | maksiha amanggung | alajua marang pura | ja sumêlang ing driya sira nèng puri | Pajang pan darbenira ||
175. Senapati angandika aris | karan ingwang têdhak sangking kitha | andulu pinarakane | kangjêng rama sang prabu | tan prayoga wani ing gusti | kapindho wong atuwa | kaping tiga guru | puniku ajrih kawula | kangjêng sultan tan beda kalane urip | tibane sêmbah ingwang ||
176. nulya prapta Kyai Senapati | wijil pisan jumênêng ing lawang | para garwa mêthuk kabèh | Sultan Pajang kang sunu | Adipati Dêmak kang èstri | mangnêmbah[89] ing suku sang | mangusap ing lêbu | tumukul[90] sira mangrêpa | panglungguhe abukuh umatur aris | kang sinêmbah Ngalaga ||
177. arinira yya dera patèngni[91] | adipati ing Dêmak punika | Senapati andikane | datan sêdya riningsun | mêjahana marang si adhi | adipati ing Dêmak | sun prih idhêpipun |
--- [f. 206r] ---
dening jumênêng ing Pajang | nora nana bêcike ingkang pinanggih | dadi asalah tămpa ||
178. malah ingsun pinapag ing jurit | ingsun mingsih eling akêkadang | yèn sira gusti purwane | yèn narima maringsun | dening arsa jumênêng aji | pantês ingsun kang tuwa | ngèstrènana ratu | lah cêkêlana dèn inggal | padha èstri Dipati Dêmak ing mangkin | pratăndha yèn kalah aprang |[92]|
179. udhêtira gawenên têtali | cindhe kêmbang gawenên pusara | marang ari ing Dêmake | sarta bongkokanipun | aturêna aja na kari | nulya sira umangkat | para garwanipun | nyêkêli Dipati Dêmak | wus kabêkta binănda ing cindhe wilis | Senapati tumingal ||
180. Selabêntar gènira alinggih | Adipati Dêmak lan kang graha | Senapati lon sêbdane | adhi para puniku | dudu sira kang duwe waris | jumênêng natèng Pajang | pantês putra jalu | ari Pangeran Bênawa | jumênênga agantyanana rama ji | kang sinuwun ing Pajang ||
181. adipati ing Dêmak sirèki | warisira nagarèng ing Dêmak | lah mintara dipun age | wong Mêntaram sirèku | mikulana duwèke adhi | lan wong Pajang Mêntaram | lan wong Martalulut | adhêpên Dipati Dêmak | gantyènana sakèhe kang para rabi | tan pantês wong wanodya ||
182. Martalulut wong Singanagari | samya matur gusti Senapatya | pundi patih ing Dêmake | pinêjahan pukulun | Senapati ngandika aris | ulun iki tan wênang | dudu pasthiningsun | asêdya amatènana | ariningsun dipati ing Dêmak singgih | matia ing kunjara ||
183. Sang Dipati [Di...]
--- [f. 206v] ---
[...pati] Bênawa anênggih | sukan-sukan anèng pagêlaran | ngalun-alun ing Pajange | anabuh galaganjur | akasukan abêksa rangin | para mantri sadaya | prasamya awuru | amrang lêngên para tatang | para campah candhala anyênyabari | ing Pajang ulun dibya ||
184. Senapati Ngalaga umijil | kang pinandhi kêkapani[93] kuda | pun Gênthayu ing wastane | lawan pun Macanguguh | wastanipun ingkang kêndhali | gong pun Sêkardalima | babêrkatanipun | dèn agêm sultan ing Pajang | sakathahe babêrkatan kang rumiyin | binêktèng pagêlaran ||
185. Senapati sineba ing mantri | pagêlaran ngalun-alun Pajang | singangsana lêlinggihe | lêlèmèkira babut | mèsi sêkar kang nagasari | ujyalane kaprabyan | lir wulan awêlu | risêdhêng lagya purnama | wadya anon tumungkul konjêm ing siti | mantri padha mangrêpa ||
186. Adipati Bênawa sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | paduka jumênêng age | Sultan Pajang puniku | sinebaa sakèhing mantri | mapan sampun prayoga | dene putra sêpuh | atêguh dibya prakosa | lintang sêkti para ratu tanah Jawi | tan ana kang wania ||
187. Senapati Ingalaga angling | yayi adipati ing Bênawa | tarima ing pracayane | pan dudu waris ingsun | gumantia ing rama aji | jumênêng Sultan Pajang | kagêdhèn puniku | ulun pinasthi amurwa | tanah Jawa angalahakên ing jurit | kutha Pajang kang rusak ||
188. anèng têmbe[94] rata tanah Jawi | ratu mănca tan ana sawala | padha apranata kabèh | rat Jawa padha têluk | gih puniku Sultan Mêntawis [Mêntawi...]
--- [f. 207r] ---
[...s] | kapêrnah putuningwang | pasthi kang kapangguh | jumênêng ratu pandhita | kèdhêp kabèh ratu sabrang angêjawi | Madura lan Palembang ||
189. ulun iki winaris rama ji | ing Mêntaram sun gugoni ika | bêbakali kangelane | yayi ing karsaningsun | jênêng para yogya gumanti | malêbua kadhatyan | mêngkua kaprabun | Dipati Bênawa mujar | kakang aji kawula dhatêng nglampahi | sumăngga karsa tuwan ||
190. Pangeran Bênawa matur aris | sakèhe kagunganing jru pura | pan sumăngga ing karsane | Senapati amuwus | atarima ulun puniki | yayi pracayanira | kang marang ing ulun | sakathahe rêtna Pajang | simpênana karyanên dandanan benjing | kutha Pajang kang rusak ||
191. lan gawenên anênutut mantri | dananira myang kêncana rêtna | kang ayu endah rupane | iku pan sukanipun | wong ngawula marang nrêpati | yayi sira bêbakal | jênêngira prabu | kurange sênjatanira | tumbasêna sêlakanira myang picis | wajik dandanan aprang ||
192. salir baranging wong sinung wadi | kinarya myang jagat jaga-jaga | arjaningrat saèsthine | gulang-gulangên iku | dipun nyata olah nagari | duwea wong têtiga | karuwun sang wiku | kapindho wong kang atapa | kaping tiga wong petangan uladuni | palakiyah myang ramal ||
193. lamun si arêp wêruh kang adi | pranatane wong dadi narendra | akekena dipun age | wadyanira sang wiku | lamun ayun wêruh ing adi | takèna wong petangan | kang aran dhêdhukun | yèn ayun wruh pangawasa | kang kajaba sangking wirayating tulis |
--- [f. 207v] ---
takèna wong pratapa ||
194. Adipati Bênawa sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | sakèhe bêbarkatane | rama ji kang sinuwun | pan sumăngga ulun puniki | bêktanên mring Mantaram | pantês putra sêpuh | andarbènana wasiyat | sakathahe kang têtilar ing suwargi | sumăngga ing paduka ||
195. Senapati Ingalaga angling | yayi Êmas Pangeran Bênawa | lah ta bênêr sasmitane | babêrkatan sun pundhut | ulun bêkta dhatêng Mantawis | kang cinandhi ring pura | rama ji lan ingsun | têmên-tênmên[95] kênèng kêdhap | sarasane srêngkara kalayan manis | tan kengang pisahêna ||
196. lah kantuna yayi ingsun pamit | mulih marang nagarèng Mêntaram | sun èstokkên salamête | yayi sapukur ingsun | Adipati Bênawa nangis | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | sêsambate lir wanita | kang sinamban[96] amung kang rama suwargi | datan narka panggiha ||
197. enjing mangkat Kyai Senapati | kang binêkta makutha bêrkatan | gong Ki Sêkardalimane | kêkapa Ki Gênthayu | lawan malih ingkang kêndhali | Macanguguh kang nama | sadaya pan kantun | ya ta Sang Dipati Dêmak | duk sinusul Gunung Kêndhêng pêrnahnèki | pinêtêg anèng Serang ||
198. Senapati lampahira aris | ginarêbêg ingkang wadyabala | prapta ing Mêntaram age | tumama ing kêdhatun | Senapati jumênêng aji | sêmana ingestrenan | Sunan Adilangu | lawan mantri pamajêgan | wong Kajoran kabèh seba mri Matawis | sasirnane ing Pajang ||
199. Adipati
--- [f. 208r] ---
Bênawa anênggih | anèng Pajang jumênêng nalendra | lagi satahun lamine | sêmana nulya surud | ginêntosan dening kang rayi | Senapati Ngalaga | pangeran tumênggung | ingkang agêntosi Pajang | karanira Sitigil kilèn pêrnahing | aja madha Mêntaram ||
200. wêwangunan jêng sultan ing nguni | sakathahe wawêkoning[97] pura | ginêmpur Lêmahdhuwure | lan pasareanipun | kaingrêran wetan prênahe |[98] kaênggonan ing wisma | pangeran tumênggung | sakulone kutha Pajang | kang astana wong Arab kang aran Aji | winêlar kutha Pajang ||
201. linêbokkên ing astana nênggih | jruning kitha karsane punika | pan dèn ambil barêkate | dening pangran tumênggung | purwanira dawa kithaning | patuting punang bata | pasagi rumuhun | Pangeran Tumênggung Pajang | tan warnanên Senapati ing Mantawis | lami jumênêng nata ||
202. wus kaloka ing rat tanah Jawi | Senapati Ngalaga Mêntaram | lawan sakulawangsane | dintên Soma sang prabu | miyos pagêlaran tinangkil | pêpak kang wadyabala | ing ngarsa supênuh | miwah ingkang para putra | para ari Pangeran Amangkubumi | Pangeran Singasêkar ||
203. pêpak sêntana samya anangkil | Kyai Juru mugèng ing ngayunan | sang nata pangandikane | mring kang wadya sadarum | sakèhing wong ingsun Mantawis | padha angèstrènana | si paman sun jujung | dadia Patih Mêtaram | ingkang sarta ingsun alih kang wêwangi | Dipati Măndaraka ||
204. ingkang wadya samya angèstrèni | yèn Ki Juru jumênêng pêpatya | Dipati Măndarakane | apan ta wus misuwur [mi...]
--- [f. 208v] ---
[...suwur] | dadya patih nagri Mantawis | miwah para sêntana | sadaya jinunjung | lungguhe sinoma-sama | panêmbahan jêngkar dènira tinangkil | kondur ing dhatulaya ||
205. sampun bubar wadya ingkang nangkil | miwah Kyai Dipati Măndraka | myang punggawa sakancane | lamine tan winuwus | ênêngêna nagri Mantawis | kocap nagari Pajang | pangeran tumênggung | sampun karsaning Yang Sukma | nora tutug pangeran anulya lalis | pinêtêk ing Mantaram ||
206. ing dagane Ki Agêng Mantawis | ing astana tugil ingkang rama | sakilèn pasigit gêdhe | ênggènira kinubur | nagarine ing Pajang nênggih | anulya ginêntosan | dening wastanipun | Pangeran Dipati Pajang | jênêngira wus lama sampune singgih | mundur ingkang dèn ucap ||
52. Durma
1. ênêngêna ing Pajang mangke kocapa | nagari ing Mantawis | sampun awibawa | Senapati Ngalaga | miyos sineba ing mantri | kang para putra | sêntana sami nangkil ||
2. Adipati Măndaraka anèng ngarsa | ingkang tansah tinari | paman Măndaraka | kadipundi ing karsa | kawula ayun yêktèni | ingkang wirayat | kang sinuwun ing Giri ||
3. Adipati Măndaraka aturira | wong sakêthi umiring | karsa jêngandika | Senapati ngandika | paman ta lamun suwawi | pun Pangalasan | lumampaha mring Giri ||
4. anjurungi Adipati Măndaraka | Pangalasan tinari | sira lumampaha | marang ing Giriliman | aturêna surat mami |
--- [f. 209r] ---
pun Pangalasan | tămpa surat pinandhi ||
5. sampun amit Pangalasan nulya bubar | wong sawidak kang ngiring | kawarna ing marga | lampahipun akêbat | ing siyang dalu lumaris | anulya prapta | nênggih ing Girihèsthi ||
6. panêmbahan kapanggih lagi sineba | para putra anangkil | miwah kang sêntana | pêpak anèng ngayunan | Pangalasan ing Mêtawis | sapraptanira | linarapakên aglis ||
7. ingandikan Pangalasan mugèng ngarsa | sarwi amundhi tulis | sinukmèng wardaya | dening jêng panêmbahan | mèngsêm sarya ngandika ris | Ki Senapatya | Ingalaga Mêntawis ||
8. ragane arsa yêktèni kang wirayat | kang tinêngga ing Giri | ing mêngko lah iya | têka dèn yêktènana | anglurugana puniki | pun Pangalasan | anêmbah nulya pamit ||
9. ênêngêna ing Giri apagunêngman[99] | kocapa ing Matawis | sinêmbah Ngalaga | kalanira sineba | yuyunên dènira nganti | dangu ingucap | Pangalasan duk prapti ||
10. nulya matur Pangalasan awotsêkar | ngaturakên kang wêling | Panêmbahan Ngarga | yèn lêlinilan[100] kang karsa |[101] angandika Senapati | dhatêng kang paman | Dipati Măndarèki ||
11. duk kariyin kala rama ngiring sultan | asujut maring Giri | ing wulan Mukaram | sêdyèngsun lumaksana | marang bang wetan anênggih | wulan Mukaram | kala dhawuhing jangji ||
12. Senapati Ingalaga aputusan | umêsat kang tinuding | dhumatêng ing Dêmak | lan malih Kalinyamat | anulya
--- [f. 209v] ---
acawis sami | karsa tumindak | dhatêng nagri Matawis ||
13. wong ing Jagaraga prasamya sadhiya | wong Pajang datan kari | prasamya binêkta | marang nagari wetan | bala sêdaya acawis | sasikêpira | kawarnaa Matawis ||
14. ambarêngi kala ing wulan Mukaram | Ki Gêdhe Senapati | sampun asamêkta | budhal sabalanira | tan kawarnaa ing margi | kang kawuwusa | nagara Surawèsthi ||
15. kajinêman umatur ing gustinira | kalamun wong Mêtawis | arsa lumuruga | dhatêng nagri bang wetan | dipati ing Surawèsthi | wus aputusan | sakèh măncanagari ||
16. nagri Tuban Sidayu samya ngutusan | Lamongan datan kari | myang nagara wetan | Kartasana ing Malang | Pasuruan lan Kêdhiri | ing Wirasaba | ing Balintar[102] myang Wari[103] ||
17. lan ing Majapura miwah Pringgabaya | ing Lasêm lan Tumasik | Sumênêp Balega | Sarêngat lan Madura | sanega gamaning jurit | mring Surabaya | samya tata abaris ||
18. kawarnaa lampahe wadya Mêntaram | prapta jabaning Taji | angantosi bala | kocapa Sang Dipatya | Panaraga dèn aturi | mring Adipatya | Madiun rêmbak pikir ||
19. Sang Dipati Madiun aris anabda | mring rajèng Panaragi | yayi adipatya | marmane kula undang | kadi punapa ing karsi | rêmbag andika | gèn atugu nagari ||
20. Senapati ing Mêtaram saya ngrabda | arsa angosak-asik | jamaning bang wetan | kabèh arsa dèn rata | kalamun dika suwawi | dawêg [dawê...]
--- [f. 210r] ---
[...g] putusan | mring nagara Kêdhiri ||
21. Adipati Surabaya ingaturan | Dipati Panaragi | sumăngga aturnya | langkung dening prayoga | Dipati Madiun angling | ing karsaningwang | Mêtaram mupung cilik ||
22. upamane kadya gêni sakêkonang | siniram mupung cilik | sampune arêmbag | Madiun Panaraga | nulya aputusan aglis | mring Surabaya | angaturkên kang tulis ||
23. Pangalasan kang dèn utus gêgancangan | tanpa rewang pribadi | Dipati Panragan | amit arsa mantuka | Dipati Madiun aglis | amêpêk bala | anèng jawining kori ||
24. wong Madiun kathah lolos dhatêng Pajang | jinabêl nora kêni | Dipati Panragan | kinêrig balanira | sasikêpe ing ajurit | pêpêk ing kitha | ênêngêna kariyin ||
25. kawarnaa pangeran ing Surabaya | enjing sira tinangkil | pêpêk kang punggawa | miwah kang para putra | putusan Madiun prapti | marang ngayunan | mangnêmbah[104] atur tulis ||
26. wus tinampan kang sêrat dening pangeran | sinukmèng ing jru ngati | tanduke nawala | saèsthi wus kadhadha | pangeran ing Surawèsthi | aris ngandika | aja sumêlang galih ||
27. Panêmbahan Madiun Panagara[105] |[106] yèn rêmbug lawan mami | aja na wong cidra | sawetan Gunung Layya | Pangalasan kawan latri | nèng Surabaya | binoja siyang latri ||
28. ya ta sira Pangalasan wus ginanjar | sigra anulya pamit | Pangran Surabaya | prajangjine wus rêmbag | nagara bang wetan sami | ngukuhi kitha- | nira prasamya cawis ||
29. wadya Surabaya sampun asiyaga | jêjêl kang punang baris | Pangran Surabaya | datan arsa lumampah | anuduh kang para
--- [f. 210v] ---
mantri | mangkat sadaya | gumrah kang wadya alit ||
30. adipati bang wetan samya lumampah | patêmon ing Kadhiri | samya amakuwyan | sakilène bêngawan | ênêngêna kang kariyin | rajèng Mêtaram | risêdhênge tinangkil ||
31. kajinêman matur yèn nagri bang wetan | arsa bêdhah Mêtawis | ya ta Panêmbahan | anèng Taji sêmana | kang dèn anti samya prapti | nanging wong Pajang | angadhang anèng margi ||
32. wong Sêmarang Dêmak lawan Kalinyamat | Jêpara lawan Pathi | wus pêpêk sadaya | tumut wadya Mêtaram | patêmon ing Pajang sami | anulya bubar | kang sinêmbah Mêtawis ||
33. sangking Pajang têngara muni sauran | lir karêngèng ing langit | tan kawarnèng marga | wong Mêtaram wus prapta | amondhok kilèn Sêmanggi | samya atata | Kali Dhadhung sêdyèki ||
34. Adipati Măndaraka aturira | paran karsa Ki Bayi | botên arsa nabrang | sawetane walahar | angandika Senapati | sêdya manira | kandhêg anèng ing ngriki ||
35. wadya alit mangke sami tatemboka | Kali Dhadhung kang bêcik | nêngêna saksana | kocapa sikêp wetan | prapta Madiun baris |[107] kilène kitha | sawetane ing kali ||
36. lêt bêngawan sikêp wetan lan Mêtaram | pondhoke dèn bêciki | pinarêk sêmana | kalayan ingkang paman | Senapati ngandika ris | wong Panaraga | Madiun kadipundi ||
37. Adipati Măndaraka aturira | lah ta rêke Ki Bayi | Madiyun Panragan | rêmbagipun mangetan | wong Panaraga wus prapti | awor ing wetan | wadya pangawat kèri ||
38. nanging sikêp Madiyun [Madi...]
--- [f. 211r] ---
[...yun] kang dèrèng prapta | tan uninga sêdyèki | ya ta angandika | Senapati Ngalaga | Adisara dipun aglis | lah marenea | Kèn Adisara prapti ||
39. anèng ngarsa umatur saha wotsêmbah | pukulun wontên kardi | kang abdi ngandikan | rêke pun Adisara | Senapati ngandika ris | lah Adisara | sun pundhut karyanèki ||
40. Adisara ature amêlasarsa | tan adarbèni urip | sumăngga ing karsa | ing dalu lawan siyang | Senapati ngandika ris | sira miyanga | Madiyun jru nagari ||
41. surat ingsun aturêna Panêmbahan | Madiyun dipun aglis | sarta pêpaèsa | Adisara siyaga | abusana kang prayogi | pinasang-pasang | ngangge kang sarya adi ||
42. yèn sinawang Nyai Gêdhe Adisara | warnanira lir putri | rajèng ing Mataram | aris dènnya ngandika | hèh Warung sira dèn aglis | sabaturira | konên acawis joli ||
43. ingkang kinon sandika wus undhang-undhang | joli sampun cumawis | myang wong kalih dasa | kang badhe angiringa | Adisara lampahnèki | marang jru kutha | sang nata ngandika ris ||
44. poma sira dèn yitna ingkang rumêksa | mring Adisara iki | manawa wong wetan | atakon maring sira | warahên kalamun mami | arsa nungkula | maring Madiyun nêngggih ||
45. Adisara wawêkas ingsun mring sira | manawa sira mangkin | ginanggu ginibang | dene kang paranakan | dyan panêmbahan pribadi | têka gêlêma | sok aja têkèng pati ||
46. sarta upacara lêlancang ing ngarsa | samya asamir abrit | prasamya kêncana | asri yèn tiningalan | kêkacu mas sawunggaling | nulya lumampah | payung agung marapit ||
47. Adipati Măndaraka aturira | ing karsa kadipundi | ulun jarwanana | Senapati ngandika | sun prih gingsire sadhidhik | gibanging manah | Madiyun Adipati [Adipa...]
--- [f. 211v] ---
[...ti] ||
48. lampahira Nyai Gêdhe Adisara | malipir pigir baris | wong wetan atanya | joli punapa ika | wadya Mêtaram nauri | wêruhanira | nênggih rajèng Mêtawis ||
49. asrah panungkul maring Jêng Panêmbahan | Madiyun Adipati | wong wetan amujar | kasompok wong Mataram | angrasa wêdi kapipit | mring sikêp wetan | Madiyun kang dèn kait ||
50. bakite wong Mêtaram duga kasoran | anungkul dèn lakoni | angrasa yèn kalah | maring wong agung wetan | pan alit nagri Matawis | mêngko ngatingal | akarya don akrami ||
53. Asmaradana
1. nagri Madiyun kawarni | abaris sajruning kitha | Adipati Madiyune | dawêgira sinewaka | pêpak ingkang punggawa | panêmbahan ing Madiyun | akarsa mangkat ing enjang ||
2. dipati bang wetan sami | pagunêman pamondhokan | pangeran ing Madiyune | kang dèn anti wêdalira | apa karane baya | ing Madiyun nora mêtu | apa na budi ing wuntat ||
3. sigêgên kang tata baris | Madiyun nênggih kocapa | sami agunêm dadine | dèrèng tutug apocapan | kalayan kang pugawa | kasaru Disara rawuh | malêbu tanpa larapan ||
4. Kèn Adisara ngabêkti | anungkêmi ingkang pada | sakèhe para mantrine | sami agawok tumingal | yèn ngucapa ing nala | wong ngêndi baya kang rawuh | anjujug nyungkêmi pada ||
5. panêmbahan ngandika ris | babo wong ing ngêndi sira | miwah sêntana atakon | iya ngêndi umahira | lan sapa aranira | lah matura ayya gugup | yèn duta sapa putusan ||
6. Kèn Adisara tan angling | mênêng awêkasan mujar | amlasarsa ing ature | inggih kawula utusan- | ipun putra paduka | pun Senapati pukulun | kawula ingkang pawongan ||
7. kawula ingutus gusti [gu...]
--- [f. 212r] ---
[...sti] | umarêk jêng panêmbahan | angaturakên surate | putra paduka Ngalaga | katur kang panjênêngan | pun Senapati pukulun | asru dènnya namur ampah ||
8. sang natèng Madiyun aglis | anampani kang nawala | panêmbahan ngandika lon | putraningsun Ki Mas Lonthang | wacanên ingkang surat | ya ta Mas Lonthang agupuh | nêmbah nampani nawala ||
9. nulya winaos kang tulis | binuka ing pangayunan | ingkang nawala wiyose | kaatura Panêmbahan | Madiyun ing adibya | mapan kawula anuwun | botên si yèn amêngsaha ||
10. dhumatêng paduka sigih | tan samar pun Senapatya | yèn ulun niki abdine | lan malihe panêmbahan | ingkang abdi sadaya | ingkang ingusi rumuhun | kang sami griya ing Pajang ||
11. kawula anuwun tulis | ing cacahipun sadaya | wontêna kang putusane | ingkang mangsulakên tiyang | pan kawula sumăngga | kawula botên ngapêlu | yèn sumêdya amungsuha ||
12. saèsthi awrating tulis | panêmbahan angandika | bêcik yèn nyata mêngkene | matura Ki Senapatya | yèn piyandêling manah | pan ingsun tan sêdyèng musuh | mring anak ingsun Mêtaram ||
13. dening wong wetan sakèhing | sêdya angrusak Mêtaram | ana ing karsane dhewe | pun Adisara aturnya | sarwi sira anêmbah | kawula matur pukulun | antuk kawula dinuta ||
14. patakène Senapati | Ngalaga dhatêng kawula | kang saèstu ing karsane | baris utawi botêna | punapa atur [a...]
--- [f. 212v] ---
[...tur] kula | panêmbahan ing Madiun | alon dènira ngandika ||
15. iya ta ingsun abaris | anyarwisi[108] ingkang karsa | wong wetan ingkang marene | nanging ingsun nora sêdya | amungsuh wong Mêtaram | anadene baris ingsun | lah ing mêngko sun kon bubar ||
16. Ăndhamai mangkat aglis | anyarani wadyabala | wis binubarakên kabèh | bala mantuk [ma...]
--- [f. 213r] ---
[...]
--- [f. 213v] ---
sah lan babon.
ntuk se
[...]
--- [f. 214r][109] ---
[...ntuk] sowang-sowang | datan sêdya-sinêdya | Adhamai[110] nulya matur | yèn baris bubar sadaya ||
17. Adisara matur aris | kawula anuwun duka | bilih masih ing kêmbane | manahe pun Senapatya | dene karsa paduka | tan paring sêrat wêwangsul | kang kabêkta ing kawula ||
18. yèn suwawi lawan gusti | ulun anuwun punika | kêkaloh[111] ing sampeyane | panêmbahan angandika | lah iya Adisara | nulya Dipati Madiyun | angumbah pada kalihnya ||
19. Adisara anadhahi | marang ing bakor kancana | anulya tinămpa age | ginawe tăndha yèn nugal | panêmbahan ngandika | lah uwis nulia mantuk | matura ing anak iwang ||
20. dèn pracaya Senapati | yèn ingsun nora asêdya | bala ing wetan gawene | ingsun tan milu-milua | matura anak ingwang | Kèn Adisara umatur | jrih ulun matur panduka ||
21. bilih takèn Senapati | panduka yèn darbe putra | wanodya endah warnine | manawi ulun tinanya | panêmbahan ngandika | iya duwe ingsun sunuh | nanging tan arsa akrama ||
22. diwasa sêdhêng birai | lamun tinari akrama | nora liyan ing ature | ing benjang kawula krama | yèn ana ingkang kocap | martuwa nêmbah ing mantu | mèngsêm Nikèn Adisara ||
23. yèn mêngkatên kawula mit | panêmbahan angandika | Adisara wêkas ingong | yèn
--- [f. 214v] ---
sira tan tinakonan | ayya ge sira wêca | bok dede ing karsanipun | Kèn Adisara anêmbah ||
24. nuwun pamit nulya mijil | samarga dadi totonan | Kèn Adisara wuwuse | hèh wong Madiyun dèn enak | atinira dèn yitna | Ni Adisara wus laju | Madiyun sampun kawuntat ||
25. kang surya lagya tumingling | kondure sangking nagara | langkung arêngu manahe | dene tan binêktanan surat |[112] nulya kêkalohira | binuwang anèng dêlanggung | asangêt sakite manah ||
26. ênêngêna kang lumaris | kocapa rajèng Mêntaram | langkung yun-yunên galihe | lampahe Ni Adisara | enjing tumêkèng ngandhap | nulya prapta tan adangu | adoh ingawe mring ngarsa ||
27. sapraptane awotsari | Nyai Gêdhe Adisara | ngabêkti ngaras padane | Panêmbahan Ingalaga | mèngsêm dènnya ngandika | lah bageya satêkamu | nuwun Nikèn Adisara ||
28. paèse misih abêcik | Adisara aturira | lampah kawula wiyose | ya ta umatur sadaya | sêrat sampun katampan | nanging tan mawi wêwangsul | kang dados manah kawula ||
29. duk ambubarakên baris | kala kawula nèng marga | ambucal ing kêkolohe | toya sangking panêmbahan | dadya Ki Senapatya | karênan sanjroning kalbu | dhatêng Nikèn Adisara [Adi...]
--- [f. 215r] ---
[...sara] ||
30. Adisara matur aris | kawula dhingini karsa | wau kawula têtakèn | punapa adarbe putra | èstri kang luwih endah | saure ya darbe ingsun | agêng tan arsa krama |[113]|
31. pangucape sang aputri | ing benjing arsa akrama | lamun wontên martuwane | dhatêng mantune anêmbah | iku pan laki ingwang | lan pêpagil[114] wang panyukur | yèn tan mangkono tan arsa ||
32. mèngsêm karênan kang galih | Senapati Ingalaga | angandika ngêndi olèh | kang kaya Si Adisara | bisa gawe prayoga | luwih budine wong kakung | Ni Adisara wotsêkar ||
33. Dipati Madraka[115] angling | Kyai Gêdhe Senapatya | kadipundi wêkasane | dene wong agung bang wetan | Senapati ngandika | ing dina Kêmis puniku | manira ngawaki yuda ||
34. manira paman prajangji | yèn wong wetan anyabranga | manira pagas ing kene | Dipati Mandraka mujar | Ki Senapati aja | andhingini kibir ujub | yèn uga musuh nabranga ||
35. nora wande ingsun benjing | darbe ratu pêpagasan | Senapati sru wuwuse | asta sarwi ngêpêl sêga | paman rika kèndêla | sarwi binucal kang puluk | rinêbut asu têtiga ||
36. sêkul sakêpêl tan rêmpid | ginujêg asu têtiga | malah parothol siyunge | Ki Dipati Madaraka | angucap ing wardaya | sapa baya musuhipun | Ki Senapati
--- [f. 215v] ---
yèn duka ||
37. ya ta prapta dina Kêmis | Senapati atêngara | wong Mantaram obah kabèh | sabusanane ngayuda | Senapati Ngalaga | anglambung sangking ing kidul | campuh bala ing Mantaram ||
38. ingkang tinêmbah[116] rumiyin | Adipati Ponaraga | kapanggih sami wanine | kalindhih wong Panaragan | lumayu sarwi ngucap | pageneya wong Madiyun | têka ngapirani ujar ||
39. pan wiwitane ngajurit | sadaya darma lumampah | wong Madiyun pangajake | angajak bêdhah Mantaram | Madiyun yèn rinasa | bari Mêntaram wis rêmbug | muga na bênduning Sukma ||
40. dadya kasaput ing wêngi | wong Ponaragan malayya | pan angungsi ing kuthane | akukuh atangkêp lawang | muwêr sanjrone kutha | akumpul datan winuwus | ing dalu kawarna enjang ||
41. wong agung wetan sakenjing | nulya anêmbang têngara | umyung gumuruh syarane | kêndhang gong munya sauran | ponang kadya ampuhan | miwah gêrbêging lumaku | suwarane bala akathah |[117]|
42. lawan bala ing Mêntawis | têngaranira sauran | Dipati Măndarakane | angadêgkakên[118] têngêran | satêngahe payudan | lêlalung[119] abrang dinulu | umbul-umbul myang kêkadha ||
43. wong wetan samya udani | yèn têngêran Ingalaga | anulya panggih yudane | suwarane kang sênjata | lir
--- [f. 216r] ---
kadya gunung rêbah | ing paprangan pêtêng riwut | kathah pêjah sami rowang ||
44. Senapati ing Mêntawis | sangking kidul anêrajang | kuda satus pilihane | anglambung sangking kanannya | pêrnah kiwaning mêsah | wong wetan samya andulu | jaran satus ingiringan ||
45. wruh Senapati Mantawis | sakèhe dipati wetan | prasamya nudingi kabèh | kang sangking kidul prênahnya | Senapati Ngalaga | rasukan tambal amurub | lah wong wetan kawalana ||
46. jaran satus kang pinanci | kewuhan kalih jinaga | angrasa angrok tingale | dene musuh tan apêrnah | Senapati ngandika | yayi Mangkubumi iku | dadia pangawat kanan ||
47. dening yayi Singasari | dadia pangawat kiwa | wong Kalinyamat sakèhe | wong Pathi kalawan Dêmak | anambungana kiwa | dening yayi Pajang iku | kalawan wong Jagaraga ||
48. pangawat kanan nambungi | kalawan bala Sêmarang | lan paman Madarakane | kang dadia gêgunungan | aja na kang pêpeka | sun ningali musuh agung | Yyang Sukma kang luwih wikan ||
49. lawan pangrêksaning Widi | ingkang dhumatêng kawula | dening kêdhik musuh akèh | inggih paman Madaraka | wong sèwu tinindhihan | anging patêngêran ulun | ayya age kita pasang ||
50. Dipati Măndraka aling[120] | kaki prabu jêngandika | ing pundi mangke [mang...]
--- [f. 216v] ---
[...ke] pêrnahe | Senapati angandika | inggih paman manira | pasthi tan kêna tinangguh | saênggèn-ênggèn manira ||
51. sampun sanega kang baris | kang sinêmbah Ingalaga | wus angrasuk busanane | angagêm rasukan tambal | kang dadya kanthinira | wong kapilih kèhe satus | samya anitih turăngga ||
52. kang paman winêling-wêling | miwah kang para santona | sadaya nuwun ature | Senapati nulya budhal | rêspati nitih kuda | anabrang mangetan sampun | wong satus tan kêna pisah ||
53. punika sami pinilih | wus prapta ing sabrang wetan | sarêng anabrang ponang wong | sampunira mangkana |[121] Dipati Măndaraka | amasang têngêranipun | Senapati anêrajang ||
54. bala wetan dèn amuki | sarêng tumangkêb sadaya | kanan kèri sarêng kabèh | wong wetan wis kapasangan | bêdhil tan ana munya | wong cili sarêng lumayu | sangking wêdine ing pêjah ||
55. datan anolèh ing wuri | akèh mati padha rowang | wus lumayu bupatine | sikêp kang ana ing ngarsa | kabêrêg kathah pêjah | wong Mantaram samya buru | wong bang wetan kathetheran ||
56. akathah mati tan kanin | sangking pêdhote kang napas | sawênèh nusup garobol[122] | wong wetan pan sampun sirna | sakarine kang pêjah | sadaya sami lumayu | rêbut paran sowang-sowang ||
--- [f. 217r] ---
57. wong cili akèh kang mati | prajurite kathah pêjah | miwah kalawan pamuke | pêpati tan kêna ngetang | ya ta rajèng Mantaram | budhal laju mring Madiyun | misih anitih turăngga ||
58. Dipati Madraka angling | lah Ki Jêbèng Senapatya | kudanira tingal ingong | kaya tan nêmahi pêjah | kuda anulya rêbah | Ki Senapati amuwus | dahwèn paman pakanira ||
59. wruhanira paman iki | patine jaran manira | lagi lingsir kang sêrngenge | mangke ngarêpake asar | Măndaraka anabda | satêmêne ujar isun | aran pêjah uga pêjah ||
60. Senapati sampun salin | kuda aran Bratayuda | punika asring ingage | Senapati angandika | dhatêng kang wadyabala | lah ta nagara Madiyun | padha sira bayongana ||
61. pan iku uwiting kardi | yèn abăngga patènana | jarahên kêbo sapine | wadya Mêntaram tumandang | prasamya angêrayah | binoyongan rabinipun | ingkang băngga tinumbakan ||
62. bala Madiyun ningali | polahira wong Mantaram | nora nyona ing atine | Mantaram anggawe cidra | dene sampun aeca | pêpadone gustinipun | ing mêngko têmahan rusak ||
63. sakathahe kawula lit | sami angusi jro kutha | sigra tinututan age | maring wadya ing Mêntaram | kang kacandhak kèh pêjah | sawênèh [sawê...]
--- [f. 217v] ---
[...nèh] angusi gunung | wong Madiyun bilulungan ||
64. Pangeran Madiyun nênggih | pan wus ngaturan uninga | yèn binayong wong ciline | ingkang băngga pinatenan | panêmbahan ajola[123] | asangêt gagêtunipun | linêbêtan madu wisa ||
54. Dhandhanggula
1. panêmbahan angandika aris | datan nyana ingsun wong Mantaram | têka polahe mêngkene | wong Mêntaram puniku | jajuluke Wisamartèki | marta lair kewala | wisa atinipun | panêmbahan angandika | mring kang garwa miwah putra lawan sêlir | kabèh padha dadana ||
2. panêmbahan putrane kêkalih | pambajênge èstri ayu endah | Rêtna Jumilah wêstane | Mas Lonthang ingkang jalu | karsanira sri narapati | putra èstri tinilar | anèng jro kadhatun | lah nini sira karia | apan sira kang rinêbat ing ajurit | dening Ki Senapatya ||
3. wus pantêse wong bêdhah nagari | ambêbayong jarah rajabrana | yèn kalah kêna putrine | karia anak isun | atunggua sanjrone puri | wong dalêm kang sapindhah | tunggua sirèku | sang putri nangis alara | kang sinambat ingkang rama ibu rasi[124] | tan arsa kapanggiha ||
4. adhuh rama nora bisa kari | ingsun milu ing saparan dika | kang ibu asru tangise | dhuh nyawa anak isun | kayaparan polahmu nini | tinilar [ti...]
--- [f. 218r] ---
[...nilar] ramanira | wong dalêm gumuruh | kang tangis umyang sêsambat | kang sawênèh ana aniba ing siti | wênèh agêgulungan ||
5. apuyêngan wong sadalêm puri | bilulungan sangêt anjritira | sang nata anglês galihe | angling mring garwanipun | payo yayi aja anolih | marang ing putranira | srahêna Yyang Agung | sang putri asru karuna | ingkang rama asangêt angarih-arih | nini sira karia ||
6. kêris ingsun iki nini putri | kang sawiji sun tilar mring sira | pan Si Gumarang arane | mênêng dènira muwun | sang aputri nampani kêris | ciptanirèng wardaya | ingsun kinèn kantun | samangsaning yèn katona | Senapati pasthine kinèn abêdhil | sun tumbak ing sêrampang ||
7. sigra bubar nênggih sri bupati | pan kalindhih ingobong-obongan | sampun andhêsêk gênine | mantri rêbut dalanggung | palayune aniba tangi | angusi ing bang wetan | wênèh ngusi gunung | sang nata pêlayunira | ngalor ngetan Wirasaba kang dèn ungsi | kalawan ingkang garwa ||
8. Ki Mas Lonthang samana angusi | Surabaya ciptanira manah | wus pisah lan pugawane | mantrine rêbut dhucung | kawuwusa wau kang kari | Dèwi Rêtna Jumilah | anèng jro kêdhatun | pan sampun angèsthi pêjah | panyanane yèn dhatênga Senapati | pasthi ingsun palastra ||
9. sampun prapta gêgaman Mêntawis | kutha Madiyun sampun dèn kêpang | pan sampun katur [ka...]
--- [f. 218v] ---
[...tur] wêrtane | Panêmbahan Madiyun | pan wus lalos tilar nagari | kantun putra wanodya | anèng jro kêdhatun | Senapati langkung bungah | linêbêtan jrone pura sang dyah kèksi | Senapati duk prapta ||
10. ciptanira sang dyah jroning ati | apa sira nora mangan sêga | yèn tan pasaha kulite | pasthi sira sun suduk | Senapati nulya alinggih | anèng têngahe lawang | pan sarwi angrungrum | sinêmon sangking kadohan | arêrêpa[125] Senapati ngasih-asih | nanging sarwi prayitna ||
11. Senapati Ingalaga angling | gustiningsun pun kakang anêdha | pangapuranira anggèr | akathah sisip isun | kawulane atadhah runtik | abdine tan sumadya | angrusak Madiyun | wantune kawula kathah | ingkang abdi tan kêna kawula pênging | amêksa sami ngrayah ||
12. sangking awone wadya ing Mêntawis |[126] ingsun gusti anuwun apura | dhawuha ulun kukume | sumăngga ing babêndu | mring abdine pun Senapati | suka yèn pêjahana | kawula wong ayu | upama dirada mêta | padhanana tan wurung yèn bêbayani | sapa ingkang nănggaa ||
13. datan ketang yèn amanggih pati | sangking tan ana ingkang kaetang | anging sira musthikane | rat Jawa tan anêmu | salamine dèrèng amanggih | ing rat sapta buwona | sapta wiyat iku | pangrasa kawula dewa | datan manggih abdine pun Senapati | kang kadi jêngandika ||
14. Senapati ngalasod[127] awêdi | arêrêpa [arê...]
--- [f. 219r] ---
[...rêpa] sangking ing kadohan | nêlasakên ing baude | mung sira jiwaningsun | kukumêna pun Senapati | sangking sisip pun kakang | anuwun babêndu | sakêrsa kang sawang mirah | angukuma abdine pun Senapati | sumăngga ingkang kêrsa ||
15. Rêtna Jumilah galihe alilih |[128] amiyarsa andikaning priya | Senapati pangrungrume | sariranira lêsu | bayunira anglêlalosi | asta cape sadaya | dhuwungira runtuh | Sang Senapati uninga | yèn sang putri owah tikahe kaèksi | dhuwung runtuh ing lêmah ||
16. Senapati sigra amarêpêki |[129] pan cinandhak dhuwung kang laligan | sinarungakên wrangkane | ingangge de sang prabu | sa dyah ayu nulya sinandhing | pan sarwi angarêpa | maring sang dewa yu | dedea ingkang anăngga | pêpanggile kaya nora dadi takir | dhuwung kang dadi marga ||
17. lan ing mêngko kêrisira gusti | sun arani iya Si Gupita | iku kang dadi margane | dika asih maringsun | sa dyah ayu datan nauri | mêksih acêngêng mulat | tyasira gêgêtun | sang putri maksih karasa | ing rusake nagara Madiyun nênggih | lolose ingkang rama ||
18. Senapati malih ngasih-asih | pan adangu dènira rêrêpa | malah surub kang sêrngenge | gumanti kang sutèngsu | Senapati angasih-asih | mung gustine pun kakang | ingkang sawang dhadhu | ngandikaa mring kawula | bêndonana abdine pun Senapati | mung gusti kang sayogya ||
19. têkêkana[130] runtikira gusti | dene [de...]
--- [f. 219v] ---
[...ne] rusake kang nagara |[131] wong bang wetan kang agawe | abdi Mantaram bingung | tan uninga ing ala bêcik | têka padha ngrêrayah | mangke katarucut | yogya gusti ngapuraa | sakathahe dosane tiyang Mêtawis | pan abdi jêngandika ||
20. Rêtna Jumilah mèngsêm sarya angling |[132] kari siji pêpanggil kawula | Senapati ayya kagèt | ingsun panggil panyukur | ing sanjrone ing pulang rêsmi | yèn tan busik tan babak | tuhu gustiningsun | nulya sang ayu ingaras | Senapati tan darana aningali | pinadhong[133] ing jro tilam ||
21. sa dyah ayu tumungkul agarit | pêpanggile panyukur kinarya | alandhêp waja ginawe | dèrèng prapta sadalu | kang panyukur angali-ali | pratăndha yèn tinêkan | sêdya putra ratu | sang putri Rêtna Jumilah | akalihan kang raka kalangkung asih | dene wus nunggal rasa ||
22. prapta raina arsa tinangkil | miyos ing jawi pêpêkan sadaya |[134] para mantri sêntanane | myang para putra kumpul | adipati ing Mandarèki | kang munggèng ngarsanira | sang rajèng Mêntarum | miwah kang para dipatya | atanapi sira Sang Dipati Pathi | saya duwe prangasa ||
23. aningali mring rajèng Mêntawis | pan asanès warnanira saban | lir pangantèn pasêmone | micarèng jroning kalbu | kayaparan kang Senapati | datan karsa kondura | lawan nèng Madiyun | iya dhèwèke akrama | kaya ingsun nora agawa pawèstri | ingsun pan nora bêtah ||
24. nulya apamit Dipati Pathi | kakang êmas kawula punika | sampeyan [sampeya...]
--- [f. 220r] ---
[...n] aliming[135] mulèh | ing Pathi wontên musuh | uning sontên putusan prapti | angaturi uninga | yèn dhatêngan musuh | kawula kinèn mantuka | dadya mangke kawula anuwun pamit | mantuk dhatêng Santênan ||
25. Senapati angandika aris | yèn kêna yayi ayya ge tilar | sarantèkêna ing kene | yèn Pathi ana musuh | ingsun yayi dindak[136] pribadi | Dipati Pathi mêksa | kêdah nuwun mantuk | mapan musuh sampun sirna | pan kawula apamit angariyini | Senapati ngandika ||
26. lah ta ana karsanira yayi | dene nora kêna ingsun ampah | pan amaksa ing ulihe | dipati awotsantun | nulya bubar asêmu runtik | lampahe agêgancangan |[137] kang anèng Madiyun | Senapati Ingalaga | angandika mring sagung pugawa mantri | myang Dipati Măndraka ||
27. wruhanira paman yayi Pathi | arsa balik amusuh Mêntaram | Dipati Mandraka ture | punapa tandhanipun | jêngandika mujar kadyaki[138] | panêmbahan ngandika | wus karsa Yyang Agung | punapa kang winicara | nanging mangke manira arsa nglampahi | laju mring Pasuruan ||
28. undhangêna wadya ing Mêntawis | miwah sakathahe kang gêgaman | bubarêna ing barise | ingundhangan sêdyarum | asiyaga tata kang baris | anulya sigra bubar | gêgaman lir gunung | panêmbahan nitih kuda | anèng wuntat ginarêbêg para mantri | lumaris lampahira ||
29. tan kawarna ing marga wis prapti | Pasuruan nolya masanggrahan | atata baris krubênge | anangêna[139] karuwun | kang kocapa sira Dipati | Pasuruan arêmbag [arêmba...]
--- [f. 220v] ---
[...g] | lawan mantrinipun | karsanira anungkula | kang kinarya tuladha ingkang rumiyin | rusake wong bang wetan ||
30. Adipati Pasuruan angling | lah sakèhe para mantriniwang | ing mêngko apa karêpe | wong Mêntaram wus rawuh | arsa gêcêk marang sirèki | nanging pangrasaniwang | yèn sira amêthuk | nora wurung sira kalah | wêkasane anggawe rusak wong cilik | angur padha nungkula ||
31. wontên punggawanira sawiji | pêpalayon sangking Bêlambangan | aran Dipati Kanitèn | anulya sira matur | pan kawula botên suwawi | yèn andika nungkula | kawula pan purun | amusuha wong Mantaram | anglawana prakosane Senapati | tandhinga ing ayuda ||
32. sagêndhinge pan kawula wani | angadua sapucuking tumbak | tandhing atosing kulite | pan akantaran bau | silih ukih kawula wani | têka dipun totona | prang kawula besuk | sami aturuna surak | sakathahe wong Pasuruan puniki | ingsun ingkang maguta ||
33. inggih sajêge kawula urip | dèrèng uninga rasaning sêga | mung amangan kunir bae | manawa tan kadyèngsun | Senapati pasthi kacangking | mastakane deningwang | pan kawula purun | pan sampun kawula sêdya | salawase Senapati ing Mêntawis | mangke badhe tinêkan ||
34. Adipati Pasuruan angling | yèn mêngkono ing wicaranira | ingsun pasrah ing dhèwèke | sakèhe wadyaningsun | Pasuruan para tindhihi | apa sakêrsanira | dene sun tan milu | Kanitèn sigra tur sêmbah | dèn pracaya andika anèng jro puri | têka eca-ecaa ||
35. Dipati Kanitèn sigra mijil | asuwara mring wong Pasuruan |
--- [f. 221r] ---
padha adadana kabèh | totonên pêrang isun | lawan Senapati Mêntawis | padha turuna surak | anèng wuriningsun | sampun samya asiyaga | sigra mangkat sigêgên ingkang lumaris | kocapa wong Mêntaram ||
36. panêmbahan sineba ing mantri | para sêntona pêpêk sadaya | kang paman mugèng ngarsane | ngandika sang aprabu | paman Madaraka ing mangkin | lan sakèhing sêntona | aja na kang milu | samia nata gêgaman | baris agung têngêran manira iki | kita kang nindhihana ||
37. saèstu paman mêsah puniki | mapan awrat yèna kirang yitna | nora kêna lênthe-lênthe | pangrasane tyas ulun | yèn sisipa abêbayani | Dipati Madaraka | aris aturipun | paran sêdya jêngandika | sakathahe para santona lan mantri | dene botên binakta ||
38. panêmbahan angandika aris | inggih paman ing karsa manira | anamur mapag yudane | nanging wong patang puluh | ingkang kula bêkta rumiyin | angaku wong anumbak | cêmêng anèng ngayun | kulambi cêmêng sinandhang | poma paman sampun obah sangking ngriki | angantia manira ||
39. sigra mangkat Kyai Senapati | arêspati gènnya nitih kuda | pun Camuris ing wêstane | cêmêng ing ulêsipun | pinangagèn warnane sami | panêmbahan rasukan | wulung dhasar wulung | paningsêt wulung sawêrna | nyamping wulung yèn tinon wis angêntèni | prajurit tanpa sama ||
40. Adipati Madraka nèng wuri | anindhihi ingkang tatêngêran | muntab kang wadyabalane | Kanitèn kang winuwus | lampahira amêthuk aglis | Senapati Ngalaga | Kanitèn amuwus | lah iki sira wong apa | angadhangi maring ingsun anèng margi | êndi Ki Senapatya ||
41. panêmbahan [panêmbah...]
--- [f. 221v] ---
[...an] anauri malih | anèng wuri anidhihi gêgaman |[140] Kiyai Senapatine | dene ta jênêng isun | ingkang abdi Ki Senapati | lêlurah wong anumbak | cêmêngan puniku | sagalongan kawan dasa | mapan ingsun kinon amapag ing jurit | anglawana ing sira ||
42. Adipati Kanitèn sigra ngling | pan alêgak[141] sarwi latah-latah | ingsun eman sira pantèn | gènira mêsah ingsun | dudu arêp ngayon-ayoni | apan nora miyarsa | yèn ingsun pinunjul | dudu sira musuh ingwang | Senapati kang sun ajap siyang lastri | pantèn sira mireya ||
43. panêmbahan angandika aris | nora gêlêm ingsun yèn mireya | manira nglampahi pakèn | ingsun amapag mungsuh | lamun isun durung ngêmasi | tan purun yèn mundura | Kanitèn lumaju | nanging maksa ingadhangan | Adipati Kanitèn sugal dènnya ngling | sira iki wong apa ||
44. nora kêna ginawe abêcik | apa sira ingkang mêkasana | ing Mêntaram prajurite | Senapati amuwus | iku durung samono ugi | mapan ingsun kawula | pangrasaning kalbu | yèn ingsun lamun tiwasa | wong Mantaram tan ana kang mapag malih | wanine wêwanian ||
45. Adipati Kanitèn sigra ngling | yèn mangkono kaya ujarira | sun ladèni sakarape | dèn prayitna sirèku | ing payudan aja na gingsir | lah mara têkakêna | karosanirèku | panêmbahan angandika | iya payo karsanira sun ladèni | aja na angucira ||
46. wus kinêtab kodanira kalih | sampun campuh lawung salin gêbang | ginêbang sru pangukihe | surak bala gumuruh | asauran wadya Mêntawis | kalawan Pasêdhahan |
--- [f. 222r] ---
gamêlannya umyung | sampun agênti marjaya | kang ajurit tan ana angucap ajrih | sami digjayanira ||
47. Adipati Kanitèn ngêlarihi |[142] pan tinumbak Senapati Ngalaga |[143] tan gumingsir ing kalihe | pinindho pining têlu | Senapati datan gumingsir | Kanitèn ngrasa sayah | têlas budènipun | adangu dènnya ayuda | salin tumbak kalihe sami prajurit | tan ana ingkang pasah ||
48. suraking wadya gumuruh atri | asauran surak anèng wiyat | lir udan tibèng pajatèn | tandhane jin atulung | kadi ombaking jalanidi | Kanitèn arsa numbak | titihan sang prabu | ciptaning ingkang wardaya | sok tibaa mêngko sira sun larihi | kapal sigra tinumbak ||
49. pêpathake kuda ingkang kêni | titihane sang prabu anjola | ambandhang nandêr mangilèn | Kanitèn alok asru | aja sira malayu dhingin | lah ta sira balia | ayya age kondur | panêmbahan angandika | mapan sira apêrang têka nyidrani | kaya dudu prawira ||
50. têka jaran kang sira larihi | sigra winangsulakên kang kuda | Dipati Măndraka age | umatur de sang prabu | kyai jêbèng dipun aririh | ingkang sabar ning karsa | pun Kanitèn têguh | tinêdha Kang Murbèng Jagat | Senapati kêkêpuhe dèn sungkêmi | ing kalbune asalat ||
51. anênêdha mring Kang Maha Sukci | pangèsthine sanjroning wardaya | dèn unggulêna jurite | Senapati anêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Kang | Amurwèng Pandulu | sampun padhang tingalira | nulya
--- [f. 222v] ---
wungu Panêmbahan Senapati | waosipun tinatrap ||
52. Ki Palèrèd sun jaluk sirèki | gawenira sapisan kewala | wong iki prihên butuhe | wong Pasuruan umyung | surakira awanti-wanti | panêmbahan wus mangsah | yun-ayunan sampun | Dipati Kanitèn mujar | baya sira pantèn bali wani maning | măngsa sira mênanga ||
53. panêmbahan sigra anglarihi | mring Kanitèn gêgandhu tinumbak | Kanitèn kagèt tibane | sakala nulya lumpuh | pun Kanitèn tan sagêt tangi | sariranira lupa | datan darbe bayu | Senapati angandika | lah Kanitèn apa karsanira mangkin | Kanitèn sigra mujar ||
54. tan darbe karêp manira iki | mapan ingsun bêbathang angucap | sakarsanira tan alès[144] | yèn kêna ingsun jaluk | patènana ingsun dèn aglis | Senapati ngandika | ingsun nora ayun | amatènana ing sira | Panêmbahan Senapati mundhut aglis | jaran wadon kang pincang ||
55. nulya katur kuda pincang èstri | mapan nora ingagenan larab | pangon ika kêndhaline | ngandika sang aprabu | lah Kanitèn sigra dèn aglis | muliha maring kutha | matura gustimu | mapan ta sira wus kalah | anauri Kanitèn ingsun puniki | apa sakarsanira ||
56. nulya tinugangakên[145] kuda aglis |[146] wus lumampah kinèn ngêtêrêna | wong patang puluh lampahe | wong Pasuruan lumayu |[147] pan angusi jroning nagari | Kanitèn sigra prapta | anèng alun-alun | lajêng tumama ing ngarsa | Adipati Pasuruan aningali | pan asru merangira ||
57. Adipati Pasuruan angling | hèh Kanitèn lah ta kaya ngapa | polahmu têka mêngkene | apa sira
--- [f. 223r] ---
atêmu | maring Senapati Mêntawis | Kanitèn aris mujar | kawula tan têmu | mring Senapati Ngalaga | dèn adhangi lêlurahipun satunggil | wong anumbak irêngan ||
58. nanging wontên sanggup amêkasi | mila kawula lawan ayuda | mangke têmahan mangkene | sang dipati amuwus | wruhanira ingkang ngadhangi | rewangira ayuda | Senapati iku | Kanitèn asru angucap | yèn wêruha kalamun pun Senapati | măngsa ingsun mundura ||
59. asukua janggut ingsun iki | atêmahan asukua dhadha | wêruha Senapatine | măngsa kawula mundur | Adipati Pasruan angling | Kanitèn bisa ngucap | buh uni cangkêmu | mêngko yèn sira enjuha | măngsa kongsi nêmahi ingkang kayèki | aran sira wus kalah ||
60. Adipati Pasuruan angling | mring wong Kalang lah sira kêthoka | Kanitèn iku gulune | sigra nulya winadung | gulunira Kanitèn singgih | nanging nora tumama | sangkal papat putung | anuli disokan[148] timah | cangkêmira Kanitèn anulya mati | dipati angandika ||
61. mring kang wadya Kanitèn dèn aglis | aturêna kangjêng panêmbahan | sarta nyaosêna suguhe |[149] aturna sêmbah ulun | salamine ulun puniki | tan sadya amusuha | mring rajèng Mantarum | Kanitèn sanggup anglawan | ing yudane dening ing mêngko wus mati | katura ing sang nata ||
62. sigra mangkat utusan lumaris | jisimira Kanitèn binêkta | sigra prapta tan asuwe | ing ngarsane sang prabu | kang putusan sigra wotsari | matur ing panêmbahan | kawula anuwun | ingutus [ingu...]
--- [f. 223v] ---
[...tus] rayi panduka | Pasuruan ngaturakên sêmbah bêkti | sarta ngaturi dhahar ||
63. lawan arinta ngaturi jisim | kaatura kangjêng panêmbahan | inggih punika purwane | èstu rayi pukulun | tan asêdya mungsuh sang aji | ing mangke Pasêdhahan | katura sang prabu | rajabrana jro kadhatyan | rayi dalêm tan angrasa andêrbèni | katura ing paduka ||
64. angandika Sang Prabu Mêntawis | sun tarima yayi Pasuruan | maring ingsun prasêcane | matura ing gustimu | lamun ingsun arsa amulih | dening wong Pasuruan | mênênga karuwun | apa karêpe wong wetan | dèn turuta aja na suwalèng kapti | têka dèn kulanana ||
65. wus tinundhung utusan lumaris | sampun prapta kitha Pasuruan | wus katur ing pitungkase | ênana rumuhun |[150] kawêrnaa Prabu Mêntawis | kinèn nêmbang têngara | arsa bubar kondur | sampun muni kang têngara | bubar kabèh gêgamane wong Mêntawis | datan kawarnèng marga ||
66. sampun rawuh nagarèng Mêntawis | panêmbahan malêbêt ing pura | para garwa mêthuk kabèh | putri sangking Madiyun | wus kinanthi ing para rabi | kocapa wadyabala | pan wus padha mantuk | ing wismane sowang-sowang | myang sêntona miwah kang para dipati | eca yuda kênaka ||
55. Pangkur
1. nêngêna wadya Mêntaram | kang kocapa wong agung wetan nênggih | Ki Mas Lonthang ing Madiyun | anèng ing Surabaya | wus alami tumulya dèn ambil mantu | linigihakên ing Japan | nagari lintang ing asri ||
2. Kadhiri ingkang winarna | Pangeran Mas punika kang ngligihi | tan alami nulya
--- [f. 224r] ---
surud | sira Pangeran Êmas | risampuning mangkana ingkang winuwus | Pangeran ing Surabaya | pan arsa anênanduri ||
3. nagara kidul sadaya | tinanduran sangking ing Surawèsthi | Pangeran Surabayèku | kang nanduri sadaya | ing Kadhiri kang jumênêng ratu jalu | miwah nagara ing Japan | Ki Mas Lonthang kang alinggih ||
4. nagara ing Wirasaba | Kyai Răngga Pramana kang nindhihi | ing Pasuruan puniku | pan sampun tinanêman | Senapati Kapulungan wêstanipun | kang anèng ing Pasuruan | kang kacarita ing nguni ||
5. pan ajamah sami lanang | Senapati Kapulungan anênggih | sampun karta jamanipun | nagara ingkang wetan | ênêngêna kang sampun sami alungguh | datan ana kang sumêlang | eca manahe wadya lit ||
6. wontên ingkang kawarnaa | kang kocapa Senapati ing Kadhiri |[151] anggunêm lan arinipun | kang aran Saradipa | kang satunggal kang aran Kenthol Jêjagu | arine ingkang pamêkas | Kartidaya kang wêwangi ||
7. Senapati aris mujar | lah Ki Saradipa paran karsèki | nagri Mantaram puniku | yayi saya angrêbda | jaman iki amingêr mangulon iku | yèn sun rasa ingkang manah | jaman wetan iki atis ||
8. sarta ujare wirayat | sun amirsa mangke saya kapanggih | yèn sira sêmbadèng kayun | yayi ing sêdyaningwang | yun ngawula mring rajèng ika Mantarum | sêdyaningsun atilara | marang nagara Kadhiri ||
9. kalamun nora mangkana | nora wurung ingkang wadya Mêntawis | anglurug mangetan besuk | matur Ki Saradipa | inggih kakang anglêrês ing sêdyanipun | kawula datan lênggana | sakarsa dika lumiring [lu...]
--- [f. 224v] ---
[...miring] ||
10. Senapati aris mujar | marenea sira Ki Nayakarti | sira prayoga sun utus | maringa ing Mêntaram | aturêna surat ulun ing sang prabu | Panêmbahan Ingalaga | lan aturêna ingkang bêkti |[152]|
11. Ki Kartinaya wotsêkar | anampani sêrat anulya amit | sigra lèngsèr sangking ngayun | ingiring wong sadasa | sampun prapta jawi kitha lampahipun | ênêngêna kang anèng marga |[153] kocapa rajèng Mêntawis ||
12. dawêgira siniwaka | ingkang mantri punggawa sadaya nangkil |[154] miwah santana myang sunuh | kabèh prasamya seba | Adipati Măndaraka anèng ngayun | lan Pangeran Singasêkar | Pangeran Amangkubumi ||
13. pinarêg ing pagêlaran | panêmbahan lênggah dhêdhampar adi | lêlèmèkira baludru | abrang ingkang ujyala | cahyanira lir kadya wulan awêlu | risêdhêng lagi purnama | kucêm sagung kang anangkil ||
14. panêmbahan ing Mêntaram | ingkang putra sadaya kang winarni | pêpitu pan sami jalu | kang panêngah punika | kang patutan Rêtna Jumilah Madiyun | Radèn Mas Jolang kang nama | jumênêng pangran dipati ||
15. ginadhang ingkang gumatya[155] | wus pinasthi ingkang amutêr bumi | putra èstri tan kawuwus | ingkang jalu kewala | wontên ingkang putra kalih maksih timur | punika ingkang atmaja | Panêmbahan Senapati ||
16. nênggih putra ingkang tuwa | Radèn Răngga nênggih sampun ngêmasi | ika jangkêpe sapuluh | nanging ta sampun seda | para putra kawilang sanga kang jalu | karsanira ingkang rama | sami jinujung kang linggih ||
17. Ki Mas Kajoran [Kajor...]
--- [f. 225r] ---
[...an] wus dadya | akêkasih Pangeran Pugêr nênggih | Ki Mas Damar wus alungguh | Adipati Juminah | Ki Mas Gathot mapan ta sampun alungguh | Dipati Wiramênggala | ambanthèngi ing Mêntawis ||
18. nuntên putra kang panêngah | kang jumênêng pangeran adipati | ginadhang-gadhang ing besuk | anggêntèni kang rama | wontên dening Ki Mas Bathathèt puniku | Adipati Jayaraga | punika ingkang kêkasih ||
19. Ki Mas Bagus ingkang nama | Adipati Têpasana anênggih | Ki Mas Gawat wêstanipun | Dipati Pringgalaya | wontên dening putra kêkalih pan durung | alungguh kabupatènnya | dening maksih alir-alit ||
20. akêkasih Mas Têmbaga | ingkang rayi Mas Kadhawung kang wangi | kêkalih pan maksih timur | dèrèng kalêlinggihan | ênêngêna kocapa ingkang lumaku | kang aran Ki Kartinaya | sampun prapta ing Mêntawis ||
21. sampun katur ing sang nata | lamun wontên caraka ing Kadhiri | Senapati kang angutus | Kadhiri Senapatya | ingandikan sampun prapta kang ingutus | ing ngarsanira sang nata | Kêrtinaya awotsaris[156] ||
22. panêmbahan angandika | sapa jênêngira utusan prapti | lan kinèn apa sirèku | dening Ki Senapatya | dyan Ki Nayakêrti anêmbah umatur | pukulun wêsta kawula | abdi dalêm Nayakêrti ||
23. lampah kawula punika | dipun utus abdi panduka gusti | pun Senapati pukulun | anyaosakên surat | kaatura ing panduka kang sinuwun | kang surat nulya tinampan | winaos sinukmèng galih ||
24. kunêng babukaning surat | pan kawula angaturakên bêkti | ing jêng panduka sang prabu | sinêmbah ing Mêntaram | ingkang sampun antuk nugraha Yang Agung | kalayan ingkang sapangat | jêng nabi duta linuwih ||
25. pinanjangna kang yusya |[157] tinêtêpna iman dening [de...]
--- [f. 225v] ---
[...ning] Yang Widi | sasampuning sêmbah katur | panêmbahan ngandika | sun tarima prasêcanira nak isun | yèn tuhu angaku bapa | anakku Ki Senapati ||
26. ing mêngko sira muliha | anak isun layange sun angsuli | sigra pinaringkên sampun | lèngsèr sangking ngajêngan | lampahira ing marga datan winuwus | ing Kadhiri sampun prapta | sêrat katur Senapati ||
27. nulya winaos kang sêrat | babukaning salam donga puniki | nanging jêbèng jangjiningsun | besuk sasi Mukaram | ingsun papag sira ing gêgaman agung | ki jêbèng nuli mangkata | kalamun sira sayêkti ||
28. punang babukaning surat | raosing tyas kawrat sanjroning tulis | Senapati nulya dhêku | kalangkung sukanira | pangrasane kadi wong sampun tatêmu | lawan kangjêng panêmbahan | kang sinêmbah ing Mêntawis ||
29. lamine datan winarna | kang kocapa nagari ing Mêntawis | wus prapta ubayanipun | ingkang sasi Mukaram | Panêmbahan Senapati arsa mêthuk | nanging putusan kewala | samana pêpêk kang baris ||
30. ingkang putra tinimbalan | panêmbahan angandika aris |[158] Wiramênggala sirèku | sun utus ngirid lampah | amapaga mring Senapati nak isun | Si Alap-alap milua | iku sun gawe sarati ||
31. lah Tumênggung Alap-alap | êmbanana mring anak isun iki | ing iya lan dudunipun | sira kang ngundurêna | lan sakèhe mantri pamajêgan iku | angiringa anak iwang | wong Kajoran ayya kari ||
32. lan wong Pajang Jagaraga | wong ing Dêmak padha milua ngiring | ing lakune anak isun | nanging wawêkas iwang | lamun èstu Senapati yèn [yè...]
--- [f. 226r] ---
[...n] anungkul | Si Tumênggung Alap-alap | mringa Rawadalêm aglis ||
33. yèn Rawadalêm wus kalah | bayongana kabèh aja na kari | kang timbalan sampun rampung | kang putra atur sêmbah | nulya lèngsèr sarêng bubar sangking ngayun | datan kawarna ing marga | prapta Madiyun abaris ||
34. Ratu Jalu senewaka[159] | ingaturan yèn wong Mêntaram prapti | Ratu Jalu sigra ngutus | duta sampun umêsat | dhatêng Surabayanira sampun |[160] yèn wadya Mêntaram prapta | arsa gêcêk ing Kadhiri ||
35. miwah Japan Wirasaba | Pasuruan Malang prasamya cawis | sarta ing Lumajang iku | lawan ing Kartasana | kang kocapa wadya Mêntaram wus rawuh | amondhok ing Kartasana | lèr kilèn kutha Kadhiri ||
36. mujur mangidul barisnya | malah dhatêng kidul kilèn Kadhiri | ing Pakuncèn wêstanipun | prasamya angrêrayah | wong ing desa kathah ngusi kuthanipun | kêbo sapi pan kacandhak | wong desa kilèn angili ||
37. Ratu Jalu siniwaka | wus amêpêk gêgamanira baris | para mantrinya akumpul | pêpêk anèng paseban | nanging Senapati ingkang nora rawuh | pan sangadi kasakitan | pracaya marang kang rayi ||
38. kang awêsta Saradipa | sumaosa ing karsane nêrpati | Saradipa anèng ngayun- | ira sri naranata | pan ajajar sakathahe mantri agung | Ratu Jalu angandika | êndi ta kakange rèki ||
39. Senapati nora seba | Saradipa tumulya awotsari | nênggih sangêt sakitipun | pun kakang Senapatya | pan kawula nyaosi karsa pukulun | ing pêjah gêsang kawula | sumăngga karsa nêrpati ||
40. Ratu Jalu angandika | lamun [lamu...]
--- [f. 226v] ---
[...n] kaya mangkono turirèki | sira kang ngirida laku | papagên wong Mêntaram | sagêndhinge ayya kalah rêbut unggul | nanging sira dèn prayitna | angirida wong Kadhiri ||
41. lamun sira angantia | ing bantune sakathahe nagari | Surabaya praptanipun | sayêktine alawas | atêmahan sira dhewe kang alêbur | lah uwis sira mangkata | Saradipa awossari[161] ||
42. gêgaman anulya bubar | tiningalan kadi yangyanging tulis | nagara lèr kang dèrèng rawuh |[162] mung sarêngan Baletar | Malang Rawa punika ingkang abantu | lampahe gêgaman prapta | pêrnahe wadya Mêntawis ||
43. pan sampun ayun-ayunan | Saradipa ingkang dadi têtindhih | ngatawang ana ing ngayun | wong Mêntaram uninga | lamun bala Kadhiri prapta ing ngayun | wadyanira winangsitan | ing pêrang aja nêmêni ||
44. sampun campuh kang ayuda | wong Kadhiri pan samya ambêdhili | nanging Ki Saradipèku | lan sagêgamanira | bêdhilipun yèn muni marêp mandhuwur | wong Mêntaram pan sêmona | bêdhile tan mawi mimis ||
45. nanging liyaning punika | kang acampuh sami mawi pêpati | suraking bala gumuruh | pan samya asauran | ramening prang datan ana ingkang mundur | sami apanggah ing yuda | ya ta kasaput ing wêngi ||
46. kocapa kang anèng wisma | Senapati gêgunêman sami |[163] lan para santananipun | miwah ari kalihnya | kang awêsta Nayakrêti lan Jêjagu | panggulu Ki Saradipa | ingkang anindhihi jurit ||
47. Senapati aris mujar | nênggih dhatêng ingkang rayi kêkalih | katiga kapêrnah mantu | prayayi Giri ika | Mas Balimbing wêstanira ingkang mantu | lah padha sira dadana | sun lolos sawêngi iki ||
48. manawa sêlak krainan | ngalumpuka kabèh jalu lan èstri | Kenthol Jêjagu umatur | kadipundi ing
--- [f. 227r] ---
karsa | dening kakang Saradipa maksih kantun | anindhihi ing payudan | manawa botên udani ||
49. Senapati aris nabda | pindho gawe wicaranira yayi | wong uwis matêng ing rêmbug | têka mêntahi sabda | balik rayate kakangmu yya kantun |[164] anunggal kalawan sira | aja na ingkang kari |[165]|
50. risampunira mangkana | sarayate Saradipa wus prapti | kabèh prasamya akumpul | jalu èstri wus dadan | kang binêkta satus kathahe kang jalu | sami kapêrnah sêntana | sadaya angati-ati ||
51. samana anulya bubar | Senapati saking wismane rèki | pawèstri samya dèn kêpung | lumaku anèng têngah | Saradipa pan sampun sinungan wêruh | yèn kang raka sampun bubar | kêrigan tan ana kari ||
52. Saradipa nulya dandan | sakathahe sanake dèn jawili | wontên tiyang patang puluh | iku sami santana | nulya bubar sangking pamondhokanipun | kapanggih anèng ing marga | kalawan Ki Senapati ||
53. wus kumpul dadya satunggal | Saradipa lawan Ki Senapati | ya ta kawarnaa esuk | barising wong bang wetan | wus uninga yèn Saradipa anglungsur | anunggal Ki Senapatya | ambalik dhatêng Mantawis ||
54. nulya ngaturi uninga | ing lolose sira Ki Senapati | angandika Ratu Jalu | padha sira nusula | yèn kacandhak tumpêsên aja na kantun | ingkang kinèn atur sêmbah | wus lèngsèr prapta ing jawi ||
55. sigra muni kang têngara | pan kumêrab gêgaman anututi | Ki Senapati sinusul | kacandhak ing Karagal | dadya aprang gènira yuda ing ngriku | mantune Ki Senapatya | kang aran Ki Mas Balimbing ||
56. tumandang mangsah ing rana | kinarubut mring prajurit Kadhiri | punggawa kathah kang tatu | miwah ingkang palastra | kêkathahên Ki Mas Balimbing wus tatu | kabênêran jajanira | Senapati aningali [a...]
--- [f. 227v] ---
sah
[...ningali] ||
57. yèn mantunira kabranan | sigra ngatak mring sêntananirèki | kèhe satus patang puluh | sarêng dira narajang | pan ingamuk wadya Kadhiri kèh tatu | ing payudan apuyêngan | tambuh musuh rewangnèki ||
58. Senapati tur uninga | mring Pangeran Wiramênggala aglis | pitungkasira wus katur | sigra wadya dèn atag | wong Mêntaram sadaya kinèn amêthuk | tulungana Senapatya | sakèhe para prajurit ||
59. lumampah asêsandêran | sampun prapta pêrnahira ajurit | wong Mêntaram samya ngamuk | wong Kadhiri kèh pêjah | samya bubar wong Kadhiri rêbut dhucung | pan angusi kithanira | lawange dipun têtêgi ||
60. Senapati sampun prapta | pasanggrahan Radèn Arya kapanggih | sawusira tata lungguh | anulya sêsalaman | sanakira katiga sarêng wotsantun | Radèn Arya angandika | lah ta kakang Senapati ||
61. nênggih ingkang salam donga | kangjêng rama andika sri bupati | Senapati langkung nuwun | kapundhi ing mastaka | ing timbalan rama paduka kang dhawuh | wimbuhana ingkang cahya | dadosa jimat paripih ||
62. Radèn Arya angandika | Alap-alap sira lajua aglis | ing nguni timbalanipun | sira kinèn ambêdhah | Rawadalêm ngirida gêgaman agung | lan agawaa punggawa | sira kang dadi têtindhih ||
63. Ki Tumênggung Alap-alap | sigra matur kawula nuwun gusti | nagri Kadhiri puniku | botên panduka bêdhah | Radèn Arya aris pangandikanipun | ingsun ora dhinawuhan | ambêdhaha ing Kadhiri ||
64. pitungkase kangjêng rama | Rawadalêm kinon sami bayongi | nulia sira lumaku | lan sagêgamanira | dèn prayitna Alap-alap wêkas isun | ukur-ukuran[166] lan iwang | mulih marang ing Mêntawis ||
65. umiringa mring si kakang | Senapati pitungkase
cacok kalih baboning Wanajaya
--- [f. 228r][167] ---
si rama ji |[168] si kakang kinon lumaju | tumanduk ing Mataram | panêmbahan asru dènnya ngayun-ayun | Senapati aturira | punika yèn asuwawi ||
66. nagri Kadhiri binêdhah | pan kawula adunên ing ajurit | Radèn Arya sigra muwus | pan dede ingkang karsa | rama dika ing Mataram kang sinuhun | Lap-alap sampun lumampah | Rawadalêm dèn lurugi ||
67. bêkta bupati sakawan | ênêngêna ingkang lumampah jurit | Rahadèn Arya winuwus | sigra nêmbang tangara | nulya bubar gêgaman abra dinulu | kinèn lumampah ing ngarsa | sabrayane Senapati ||
68. Radèn Arya anèng têngah | ginarêbêg sagung para prajurit | wahana kuda sadarum | prayitna ing ayuda | saonjotan êlête gêgaman agung | bokmênawa tinututan | aja kagèt ingkang baris ||
69. datan kawarna ing marga | lampahira prapta ing Jagaragi | arêrêp gêgaman agung | anganti Alap-alap | Pangran Arya wus putusan saos atur | yèn Senapati kabêkta | ing mangke wontên ing margi ||
70. kocapa Ki Alap-alap | wus kinrikid Rawadalêm barêsih | Alap-alap nulya mundur | lan sagêgamanira | bêboyongan lumampah ana ing ngayun | dèn iringakên wong dharat | prajurit lumampah wuri ||
71. datan kawarna ing marga | sampun prapta nagara Saosragi | bêboyongan sampun katur | maring Pangeran Arya |
--- [f. 228v] ---
sigra budhal kang wadyabala sadarum | Pangeran Arya nèng wuntat | bêboyongan kinèn dhingin ||
72. kocapa duta wus prapta | ing Mantaram umatur awotsari | lampah kawula ingutus | putra paduka nata | angaturi uninga ing lampahipun | Rawadalêm sampun bêdhah | têtiyange kinarikid ||
73. kalayan pun Senapatya | ing Kadhiri kering ing putra aji | miwah sanak somahipun | sampun wontên ing marga | angantosi karsa paduka pukulun | panêmbahan angandika | dhatêng kawula sarati ||
74. gajah ingsun plananana | paèsana panganggo ingkang bêcik | panêmbahan nulya mundhut | pangangge sarya endah | kampuh dhuwung calona kalayan sabuk | amundhut kawan gagragan | miwah panganggene èstri ||
75. sêliripun pan satunggal | kinèn mêthuk rabine Senapati | kang ngiring wong tigang atus | budhal sangking Mantaram | gajahira lumamah[169] ana ing ngayun | datan kawarna ing marga | sêmona sampun kapanggih ||
76. rabine Ki Senapatya | pinisalin busana ingkang adi | Senapati mapan sampun | pinapag ing busana | Saradipa kalawan Kenthol Jêjagu | katiga Ki Kartinaya | pinisalin busana di ||
77. datan kawarna ing marga | sampun prapta nagara ing Matawis | tumama ing alun-alun | Pangran Wiramênggala [Wiramêngga...]
--- [f. 229r] ---
[...la] | lajêng saos umarêk ing Sitiluhur | sarayate Senapatya | andhèr ing ngandhap waringin ||
78. tan adangu ingandikan | sampun cundhuk mugèng ngarsa nrêpati | miwah kadange katêlu | muka konjêm pratala | kangjêng panêmbahan angandika arum | ngabaktia marang ingwang | anak ingsun Senapati ||
79. ingkang kinon atur sêmbah | dhuwungira sinèlèhakên siti | lumampah sira anglangsur | angaras ing suku sang | sumungkêm ing padanira sang aprabu | sampun lèngsèr sangking ngarsa | panêmbahan ngandika ris ||
80. lah êndi sadulurira | ingkang aran Si Sadipa ing nguni | lan kang aran Si Jêjagu | Senapati anêmbah | pan punika ingkang wontên wingkingipun | putra dalêm Radèn Arya | abdi dalêm kang kêkalih ||
81. panêmbahan angandika | marenea padha sira ngabêkti | katiga asèlèh dhuwung | lumampah kêkesodan | sumungkêm ing pada mangusap ing lêbu | sarêng dènnya awotsêkar | lèngsèr sangking ngarsa aji ||
82. ciptanira Senapatya | tan kawasa ingsun malêsa kang sih | sakalangkung awratipun | apa sun walêsêna | Saradipa Kartinaya Si Jêjagu | ciptanira pan mangkana | tan kawasa darbe urip ||
83. Senapati atur sêmbah | panêmbahan jasat kawula gusti | kaatura ing pukulun | gêtih daging kawula | rambut sumsum kawula sêdaya katur | kalayan kang pêjah gêsang | katura ing paduka ji ||
84. abdi dalêm kang têtiga | tan [ta...]
--- [f. 229v] ---
[...n] rumaos lamun adarbe urip | kawula tan darbe dulur | nanging sêtya kawula | anjalmaa ping sapta tan malih dulu | yèn mulata gusti liya | sampuna manggih basuki ||
85. panêmbahan angandika | sun tarima ing prasêcanirèki | sun têtêdha ing Yyang Agung | têtêpa atinira | tinêkana sakèhe ing sasêdyamu | panêmbahan angandika | mring sagung wadya Mêntawis ||
86. kabèh padha ngèstokêna | yèn ing mêngko Ki Jêbèng Senapati | sun karya anak pambayun | sakèhe putraningwang | padha basaa kakang sira dèn atut | èstokêna ujar ingwang | kang putra samya wotsari ||
87. Senapati sinung desa | cacah sèwu gangsal atus wong cili | Saradipa sampun sinung | cacah damêl wong dhomas | rayi kalih sinungan anglimang atus | wisma sampun cinawisan | nulya jêngkar kang tinangkil ||
88. kawarnaa laminira | Senapati pambalikira nênggih | sawulan ing laminipun | kawarna panêmbahan | siniwaka mantri punggawa supênuh | pêpêk ingkang para putrah[170] | Senapati wus anangkil ||
89. panêmbahan angandika | dhatêng sira Senapati Kadhiri | lah ta jêbèng anak ingsun | kadangmu Saradipa | ingsun pundhut dadia kawulaningsun | Senapati atur sêmbah | mangrêpa kongjêm ing siti ||
90. kawula datan anyona | yèn adarbe kadang ing patik aji | ing badan ulun sakojur [sa...]
--- [f. 230r] ---
[...kojur] | suwita ing paduka | Saradipa sanès jasad sanès umur | botên kawasa lênggana | nadyan nyawa tan darbèni ||
91. pundhutên mapan kagêngan | saosike katur paduka aji | angandika sang aprabu | lan maning saprakara | ingsun nora duwe kutha anak ingsun | lah angonên[171] kuthaningwang | Senapati awotsari ||
92. pukulun dhatêng sandika | sawarnine abdi dalêm Mantawis | anyithaka dipun agung | ing sabên-sabên warsa | karya bata kitha paduka winangun | wus dangu dènnya sineba | sri nata kondur mring puri ||
1 | apitêkur. (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata: gya rinangkul Senapati ing Matawis. (kembali) |
3 | pangulatan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.4.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.4.10); paulatan (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.11.10). (kembali) |
4 | agung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.5.4; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.12.4). (kembali) |
5 | pindha (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.5.8; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.12.8). (kembali) |
6 | bulupêti (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.13.9). Bandingkan: bulubêkti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.6.9); bulupêkti (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.6.9). (kembali) |
7 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: saloroke pinêthokan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.9.8). (kembali) |
8 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lah atêgên wongira Mataram (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.11.2). (kembali) |
9 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nulya nyandhak mandêlêm cinangking (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.12.1); nulya nyandhak mandhêlêm cinangking (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.12.1). (kembali) |
10 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
11 | bêdhil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.13.9). (kembali) |
12 | sanjata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.13.10). (kembali) |
13 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: anjrokkên lêlarenya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.14.10). (kembali) |
14 | Kurang lima suku kata, dan biasanya guru lagu i: apa nyata kakangmu balik. (kembali) |
15 | cumundhuk (dan di tempat lain). (kembali) |
16 | dintên (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.17.5). (kembali) |
17 | samaktya. Bandingkan: samêkta (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.18.8). (kembali) |
18 | Kurang satu suku kata: nitiha èsthi dèn age. Bandingkan: anungganga èsthi age (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.20.3). (kembali) |
19 | abêcik (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.20.5). Bandingkan: tan bêcik (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.20.5). (kembali) |
20 | pêthêti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.21.5). (kembali) |
21 | nênggih (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.24.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.1.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.24.5; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.30.5). (kembali) |
22 | darbèni (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.31.9). Bandingkan: andarbèni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.25.9). (kembali) |
23 | andhèr (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.28.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.5.6; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.34.6). (kembali) |
24 | Lebih tiga suku kata: ing ngarsa supênuh. Bandingkan: amrêgil supênuh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.28.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.5.7). (kembali) |
25 | amundhut (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.28.8; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.5.8; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.34.8). (kembali) |
26 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Senapati agêpah dènnya anglarih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.5.9); Senapati agêpah dènnya alarih (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.34.9); ya ta nuli agêpah dènnya anglarih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.28.9). (kembali) |
27 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
28 | tumandang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.13.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.36.6; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.42.6). (kembali) |
29 | sêgara (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.43.4). Bandingkan: sagara (Proeve eener Javaansche Spraakkunst, Bruckner, Pupuh 29.14.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.37.4). (kembali) |
30 | Bandingkan: lumancang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.16.3). (kembali) |
31 | punggung. (kembali) |
32 | pan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.22.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.45.5). (kembali) |
33 | gotong (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.45.8). (kembali) |
34 | ngartika. (kembali) |
35 | gingsir (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
36 | Terdapat huruf "ra" yang disisipkan di atas kata "bêgja" rupanya sebagai tambahan maka "bêragja". Tapi tambahan ini membuat hitungan guru wilangan lebih satu suku kata, dan artinya tidak diketahui. Bandingkan: ngiwa nêngên towok tan tumama (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.49.2); ngiwa nêngên tawok tan tumama (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.26.2; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.55.2). (kembali) |
37 | dinêdêl (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.26.5). (kembali) |
38 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Radèn Răngga datan amalêsi (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.56.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.50.1). (kembali) |
39 | Bandingkan: wasananira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.50.10); aksananira (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.56.10). (kembali) |
40 | anêmpuh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.29.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.52.7). (kembali) |
41 | pamit. (kembali) |
42 | Kurang satu suku kata: palayune pati-pati bêbêntusi. (kembali) |
43 | măntra. (kembali) |
44 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
45 | Kurang satu suku kata: Senapati anèng Matawis. (kembali) |
46 | Kurang satu suku kata: aturira Adipati Tubin. (kembali) |
47 | bilih. (kembali) |
48 | bêksa. (kembali) |
49 | Kurang satu suku kata: anauri sang adipati ing Tubin. (kembali) |
50 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kakang Senapati Ingalaga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.57.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.35.2). (kembali) |
51 | Kurang satu suku kata: pan sumăngga ing karsa paduka aji. (kembali) |
52 | anyêkêli (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.38.9). (kembali) |
53 | dukane (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.46.3). (kembali) |
54 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: abrit tandhane dukane (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.46.3). (kembali) |
55 | Lebih dua suku kata: sangêt ingkang bêndu. Bandingkan: kotbuta dinulu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2946.7). (kembali) |
56 | Lebih satu suku kata: kang sinêmbah Ngalaga. (kembali) |
57 | Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
58 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
59 | tumêkèng. Bandingkan: têkèng (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.49.7); praptèng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.7.7). (kembali) |
60 | Kêdhu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.50.1). (kembali) |
61 | Sultan (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.56.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.17.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 52.48.1; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 14.48.1). (kembali) |
62 | wani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.20.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.59.2). (kembali) |
63 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ngalih cahya nurbuwat (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.21.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.60.6). (kembali) |
64 | Lebih satu suku kata: alon dènira muwus. Bandingkan: nuli sira amuwus (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.22.4); nulya sira amuwus (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.61.4). (kembali) |
65 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing Gilingan dènnya miranti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.29.5); ing Giligan [Gilingan] dènnya miranti (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.68.5). (kembali) |
66 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: watawise yèn sawawi lan sang aji (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.33.9); watawise yèn suwawi lan sang aji (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.103.9); wêtarane yèn suwawi lan sang aji (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.72.9). (kembali) |
67 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
68 | dêlanggung (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.37.4). Bandingkan: dalanggung (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.107.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.37.4). (kembali) |
69 | kilèn (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.83.3, Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.44.3). (kembali) |
70 | prayogèngsun. Bandingkan: prayogane (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.46.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.85.9). (kembali) |
71 | mafad. Bandingkan: mapad (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.85.10); seda (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.46.10). (kembali) |
72 | layon. (kembali) |
73 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: gya sinaru Kyai Juru mojar (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.54.2; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.123.2); dyan sinaru Kyai Juru mojar (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.93.2). (kembali) |
74 | sangsam. (kembali) |
75 | Bandingkan: ra-uru (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 29.101.4). (kembali) |
76 | kongkon. (kembali) |
77 | inggal. (kembali) |
78 | gumantia. (kembali) |
79 | Kurang satu suku kata: jêng paduka gumantia sultan. (kembali) |
80 | latar. (kembali) |
81 | sênjata. (kembali) |
82 | amêlatar. (kembali) |
83 | nginggiling (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
84 | Lebih satu suku kata: cèngkèl towok wus samêkta. (kembali) |
85 | tinanggênah. (kembali) |
86 | tunggu (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
87 | Kurang satu suku kata: durung wêruh sira rasaning. Bandingkan: durung wêruh rasaning mukti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.1.5). (kembali) |
88 | Bandingkan: kèndêl (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.2.9). (kembali) |
89 | manêmbah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.11.6). Bandingkan: anêmbah (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.8.6). (kembali) |
90 | tumungkul. (kembali) |
91 | patèni (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.9.1). Bandingkan: pêjahe (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.12.1). (kembali) |
92 | Lebih satu suku kata: pratăndha yèn kalah prang. Bandingkan: tandhane wong akalah (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.10.10). (kembali) |
93 | kêkapaning (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.17.2). (kembali) |
94 | têmbèng (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.20.1). (kembali) |
95 | têmên-têmên (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.28.8; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.27.8). (kembali) |
96 | sinambat (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.28.9). (kembali) |
97 | wawêngkoning. Bandingkan: wêwêngkoning (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.32.2; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.83.2). (kembali) |
98 | Biasanya guru lagu i: prênahing. Bandingkan: ingingêran wetan puniki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 31.32.5); dèn ingêr ing wetan puniki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.83.5). (kembali) |
99 | apagunêman (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 32.9.1). (kembali) |
100 | linilan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 32.9.1). (kembali) |
101 | Lebih satu suku kata: yèn linilan kang karsa. Bandingkan: yèn linilan sakarsa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 32.11.4). (kembali) |
102 | Balitar (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 32.17.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 42.21.7). (kembali) |
103 | Rawi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 32.17.7). (kembali) |
104 | manêmbah. (kembali) |
105 | Panaraga. (kembali) |
106 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: panêmbahan Madiyun lan Panaragan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 32.29.1). (kembali) |
107 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: prapta kilèning nagari | Madiyun ika (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 32.37.5–6). (kembali) |
108 | anyawisi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 33.15.2). (kembali) |
109 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
110 | Ăndhamoi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 33.16.6)., (kembali) |
111 | kêkoloh (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
112 | Lebih satu suku kata: dene tan binêktan surat. (kembali) |
113 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: diwasa tan arsa krama (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 43.68.7). (kembali) |
114 | pêpanggil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 43.69.6). (kembali) |
115 | Mandraka (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
116 | tinêmpuh. (kembali) |
117 | Lebih satu suku kata: swarane bala akathah. (kembali) |
118 | angadêgakên. (kembali) |
119 | lêlayu. (kembali) |
120 | angling. (kembali) |
121 | Kurang satu suku kata: sasampunira mangkana. (kembali) |
122 | garombol (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 33.60.3). (kembali) |
123 | anjola (dan di tempat lain) (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 17.49.5). (kembali) |
124 | sori. (kembali) |
125 | angrêrêpa (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: rinarêpa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.12.9). (kembali) |
126 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sangking awone wadyèng Matawis (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 45.17.1). (kembali) |
127 | ngalosod. Bandingkan: nglosod (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.18.1). (kembali) |
128 | Lebih satu suku kata: Rêtna Jumilah galihe lilih. Bandingkan: Rêtna Jumilah ing manah gigrik (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.19.1). (kembali) |
129 | Lebih satu suku kata: Senapati sigra marêpêki. Bandingkan: Senapati nulya amarani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.20.1). (kembali) |
130 | têkakêna (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.23.1). (kembali) |
131 | Kurang satu suku kata: dene rusake ingkang nagara. Bandingkan: dening rusake nagarinira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.23.2). (kembali) |
132 | Lebih satu suku kata: Rêtna Jumilah mèngsêm sarya ngling. Bandingkan: Rêtna Jumilah sigrangling aris (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.24.1); sang rêtna yu mèsêm sarwi angling (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 18.24.1). (kembali) |
133 | pinondhong (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 18.24.10). (kembali) |
134 | Lebih satu suku kata: miyos ing jawi pêpêk sadaya. Bandingkan: praptèng ing jawi pêpak sadaya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.26.2). (kembali) |
135 | alimi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.25.3). Bandingkan: lilani (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 18.29.3). (kembali) |
136 | tindak. (kembali) |
137 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lampahe gêgancangan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.27.6). (kembali) |
138 | kadyèki. Bandingkan: kayèki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.29.5). (kembali) |
139 | ênêngêna (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.31.4). (kembali) |
140 | Lebih satu suku kata: anèng wuri nindhihi gêgaman. (kembali) |
141 | anglênggak (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.25.2). Bandingkan: alênggak (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.44.2). (kembali) |
142 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Adipati Kanitèn larihi [nglarihi] (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.49.1). (kembali) |
143 | Lebih satu suku kata: pan tinumbak Senapati Nglaga. Bandingkan: pan tinumbak Kyai Senapatya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.49.2); Panembahan Ngalaga tinumbak (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 18.52.2). (kembali) |
144 | anglès (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.56.3). Bandingkan: angrèh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.59.3; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 18.59.3). (kembali) |
145 | tinunggangakên (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.61.1; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 18.61.1). (kembali) |
146 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wus tinunggangakên kuda aglis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.61.1); wus tinunggangakên kapal èstri (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 18.61.1). (kembali) |
147 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Suruhan lumayu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.58.4); wong wetan kang lumayu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.61.4); bature kang lumayu (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 18.61.4). (kembali) |
148 | sinokan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.65.8).Bandingkan: ngêsokan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.62.8). (kembali) |
149 | Lebih satu suku kata: sarta nyaosna suguhe. Bandingkan: sarta gawaa suguhe (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.63.3). (kembali) |
150 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ênêngêna rumuhun (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 34.67.4). (kembali) |
151 | Lebih satu suku kata: kang kocapa Senapati Kadhiri. Bandingkan: ingkang wasta Senapati Kadhiri (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.6.2). (kembali) |
152 | Lebih satu suku kata: lan aturna ingkang bêkti. Bandingkan: poma dèn katur tumuli (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 35.10.7); dèn katur marang sang aji (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.10.7). (kembali) |
153 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ênêngêna ta sêmana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 35.11.6). (kembali) |
154 | Lebih satu suku kata. Terdapat koreksi "kang" menjadi "ingkang". Bandingkan: para mantrinira kabèh anangkil (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 35.12.2); para mantrinira samya anangkil (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.12.2). (kembali) |
155 | gumantya. (kembali) |
156 | awotsari (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 35.19.7; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.23.7). (kembali) |
157 | Kurang satu suku kata: pinanjangêna kang yusya. (kembali) |
158 | Kurang satu suku kata: panêmbahan andikanira aris. (kembali) |
159 | sinewaka (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 35.36.1). (kembali) |
160 | Kurang dua suku kata: dhatêng Surabaya wartanira sampun. Bandingkan: maring Surabaya dhumatêng sang prabu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 35.36.5); dhatêng Surabaya arsa angsung wêruh (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.44.5). (kembali) |
161 | awotsari (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.51.7). (kembali) |
162 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nagari lèr dèrèng rawuh (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.52.3). (kembali) |
163 | Kurang satu suku kata: Senapati agêgunêman sami. (kembali) |
164 | Kurang satu suku kata: balik rayate kakangmu ayya kantun. (kembali) |
165 | Kurang satu suku kata: aja ana ingkang kari. (kembali) |
166 | ungkur-ungkuran. (kembali) |
167 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
168 | Lebih satu suku kata: Senapati pitungkase rama ji. (kembali) |
169 | lumampah. (kembali) |
170 | putra. (kembali) |
171 | anggonên. (kembali) |