Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 056–070)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 230r lanjutan] ---
56. Sinom
1. risampunira mangkana | wong cili dipun undhangi | prasamya akarya bata | bata bang myang bata putih | mapan sampun cumawis | sêmana nulya sinambut | wong Mêntaram sêdaya | kutha bacingah wus dadi | kithanira datan ngangge bêbolongan ||
2. rajèng Mataram ngandika | lah ki jêbèng Senapati | kayaparan polahira | kitha owah lan kariyin | tan ana lènge bêdhil | Senapati sigra matur | nuwun sêdya kawula | lamun wontên musuh prapti | pan kawula botên kulina ing kitha ||
3. yèn wontên musuh kang prapta | sêdya bêdhah ing Mêtawis | kawula papag kang têbah | sampun anggêpok nêgari | anênggih ing Matawis | sampun kaambah ing musuh | yèn ulun mêsih gêsang | wontên musuh ingkang prapti | ulun merang ningali wadya Mêtaram ||
4. adawa yèn kawarnaa | kitha bacingah wus dadi | duk sêmona binabadan [binabada...]
--- [f. 230v] ---
[...n] | anrus lunga margèng bumi |[1] sang nata sigra mijil | anitih dipăngga sampun | kêrsa ngidêri kitha | panêmbahan ngandika ris | Senapati payo anitih kalihan ||
5. munggaha marang dipăngga | Senapati awotsari | anuwun duka sang nata | kawula anuwun ajrih | dados punapa gusti | pun Senapati pukulun | ajajar lan paduka | papa citrakang[2] pinanggih | pan kawula gusti adharat kewala ||
6. panêmbahan angandika | apa nganti sun udhuni | Senapati awotsêkar | mukanya kongjêm ing siti | tumulya angunggahi | ăndha wus prapta ing luhur | alinggih ing palana | sumungkêm makêmpis-kêmpis | gajah siji kinalihan Senapatya ||
7. Rajèng Mataram ngandika | Kae Jêbèng Senapati | ingsun angrungu wirayat | pucang tirisan Mêtawis | iya ujare benjing | wong wetan kang arsa gêpuk | tanêm tuwuh Mêntaram | Senapati atur bêkti | yèn èstua wirayat kadya punika ||
8. pun Senapati awirang | andulua wong Mêtawis | yèn wadya wetan ngrusaka | tanêm tuwuh ing Mantawis | yèn ulun mêksih urip | Mêntaram kongsia lêbur | sakèhe wong bang wetan | kantosa uningèng ngriki | pan kawula merang aningali jalma ||
9. ulun nêdha ing Yyang Sukma | kaping kalih kangjêng nabi | yèn wong wetan lumampaha | pan kawula apunagi | ngandika sri bupati | kamangkara anak ingsun | gaib parentahing Yyang | kaya ngapa gone gingsir | lan ature [a...]
--- [f. 231r] ---
[...ture] kajinêman nêmbe prapta ||
10. sae bupati ing wetan | arsa adus ing Sumanggi | dene ingkang ngirid lampah | nênggih dipati ing Gêndhing | ing Pasuruan sami | Surabaya datan kantun | kang ginawe timbangan | nênggih Dipati Pasagi | lan Ki Răngga Lêlona Kadhiri ika ||
11. Senapati atur sêmbah | umatur wêcona manis | anuwun Jêng Panêmbahan | wong agung wetan rumiyin | sadaya botên wani | dhatêng kawula rumuwun | sang prabu angandika | anak ingsun Senapati | mapan padha tinitahakên Yyang Sukma ||
12. aja sira ujub riya | padha kawula Yyang Widi | tan kêna jalma ingina | rèhning wong padha aurip | narah karsaning Widi | anganggea rêna sukur | sabarang karêpira | aja dhinginakên kibir | Senapati tur sêmbah sarwi mangrêpa ||
13. sampune ngidrêri kitha | kundur sang sri narapati | rawuh anèng pagêlaran | tumêdhak sangking ing èsthi | miwah Ki Senapati | tumurun nulya wotsantun | manêmbah ing suku sang | mukanya sumungkêm siti | kangjêng panêmbahan aris angandika ||
14. lah ta uwis atangiya | anak ingsun Senapati | padha sira alinggiha | kalayan arinirèki | ingsun kundur mring puri | aja sira nuli mantuk | wus kundur panêmbahan | malêbêt ing kênyapuri | para garwa sami ngandikan sêdaya ||
15. mantri aglar ing paseban | miwah para putra sami | lawan kang para santana | ajajar lan Senapati | kocapa sri bupati | anèng sajrone kadhatun | kinon animbalana | maring sira [si...]
--- [f. 231v] ---
[...ra] Senapati | lan sakèhe putraningsun aja bubar ||
16. maksiha nèng pagêlaran | yèn wus mantuk Senapati | anuli padha bubaran | utusan anulya mijil | prapta ing păncaniti | timbalan dalêm wus dhawuh | pakanira ngandikan | mring kangjêng sri narapati | lan sakèhe para putra sampun bubar ||
17. maksiha nèng pagêlaran | lan sakèhe para mantri | yèn Ki Senapati mêdal | anuli bubara mulih | sigra Ki Senapati | pan sampun arakit wêdhung | sigra nulya lumampah | sapraptane ing jro puri | kandhêg anèng lawang asaos ing karsa ||
18. sampun katur ing sang nata | nulya kinèn animbali | wus prapta sajrone pura | kalangkung dènira ajrih | ningali para rabi | lampahira rungkuk-rungkuk | asila anèng latar | mukanya kongjêm ing siti | ingandikan jêbèng dèn kapara ngarsa ||
19. dèn awe Ki Senapatya | jêbèng linggiha ing nginggil | jajara lan biyangira | Senapati saya ajrih | kawula nuwun gusti | saduka dalêm kasuwun | tan purun ajajara | sae maksiha ing ngriki | anampèni kang timbalan kapiyarsa ||
20. panêmbahan angandika | anganti sun kon marani | biyangira maring sira | sun kon angrêrèwèng aglis | Senapati wotsari | sigra nulya sèlèh dhuwung | panêmbahan ngandika | jêbèng ayya sèlèh kêris | wus ingangge dhuwunge Ki Senapatya ||
21. lumampah akêkesodan | wus rakêt lawan sang aji |
--- [f. 232r] ---
kinèn majêng awot êkar | Ki Senapati wus linggih | munggèng ngarsa nêrpati | mangrêpa muka tumungkul | ciptaning ing wardaya | apa sun go anauri | gêtih daging rujitên măngsa puliha ||
22. pêpundhutan sampun prapta | adhahar ambêng kêkalih | panêmbahan nulya dhahar | kalawan garwane padmi | dene Ki Senapati | kalayan garwa tatêlu | wong dalêm pan atarap | adangu dènira bukti | sampun nutug ambêng nulya linorodan ||
23. wong dalêm pan samya mangan | anèng sandhap nagasari | kalangkung sinuba-suba | Senapati mring sang aji | dhatêngakên ingkang sih | ingakên putra pambayun | miwah Ki Senapatya | kalangkung dènira ajrih | panêmbahan aris dènira ngandika ||
24. lah Ki Jêbèng anak ingwang | ingsun durung aningali | sira anganggo badhong mas | apa ora andhêmêni | Senapati tur bêkti | singgih kawula pukulun | inggih ulun agadhah | bêbadhong namung sanunggil | nanging risak nayakanipun tan ana ||
25. panêmbahan angandika | biyangira duwe kêndhit | ing mêngko sira jaluka | turna angkane abêcik | dèn wèhakên sayêkti | yèn sira ingkang anjaluk | kagyat Ki Senapatya | mirsa andikane gusti | ciptanira Senapati ing jro nala ||
26. nora kêlar nadhahana | ingkang sih sri narapati | panêdhaningsun ing benjang | matia yèn ingsun jurit | yèn nora têka pati | mugi amanggiha tatu | amalês sih sang nata | panêmbahan ngandika ris | uwis jêbèng anuli [a...]
--- [f. 232v] ---
[...nuli] sira muliha ||
27. Senapati awotsêkar | mundur wus prapta ing jawi | kocapa wong agung wetan | arsa anggêcêk Matawis | nênggih Dipati Gêndhing | Surabaya ngirid laku | sisihane punika | nênggih Dipati Pasagi | lawan Răngga Lalona Kadhiri ika ||
28. pêpêk nagara bang wetan | nêgih dipati ing Gêndhing | ingkang mêtu lor punika | gêgaman pinara kalih | Ki Dipati Pasagi | nindhihi kang mêtu kidul | Madiyun parêmbagan | măncanagara pasisir | nulya mangkat gêgaman awarna-warna ||
29. ênêngêna wong bang wetan | kocapa rajèng Matawis | dawêgira sinewaka | mring sakèh para dipati | Senapati anangkil | lawan arine tatêlu | kang aran Saradipa | Kenthol Jêjagu Nayakêrti |[3] Adipati Măndaraka munggèng ngarsa ||
30. pangeran ing Singasêkar | lan Pangeran Mangkubumi | miwah ingkang para putra | Pangeran Dipati nangkil | Pangeran Pugêr nênggih | Pangran Juminah ing ngayun | Pangeran Pringgalaya | Pangran Wiramênggalèki | lawan malih pangeran ing Purubaya ||
31. lan Pangeran Têpasana | Pangran Jayaraga nangkil | andhèr kang mantri punggawa | panêmbahan ngandika ris | Ki Jêbèng Senapati | apa ing karsanirèku | wong wetan wus lumampah | gêgaman amaju kalih | iku jêbèng ature wong kajinêman ||
32. iku karêpe wong wetan | Mataram pinaju kalih | ingkang mêtu Jagaraga | têtindhih Dipati Gêndhing | kandhêg ing Jatisari | ênggone gêgaman agung | mêtu kidul sapindhah | iya Dipati Pasagi | iku ingkang dadi pangiride lampah ||
33. anèng Ngutêr bêbarisan | anak ingsun [ingsu...]
--- [f. 233r] ---
[...n] Senapati | kayaparan karêpira | êndi kang pinapag dhimin | Senapati ngabêkti | kawula langkung anuwun | punapa ingkang karsa | ulun darmi ngalampahi | ing satunggal gusti panuwun kawula ||
34. paduka sampun lumampah | ecaa wontên jro puri | amunga dening kawula | ingkang amapag ing jurit | lan sakèh putra aji | punika kawula suwun | andulu ing kawula | panêmbahan ngandika ris | yèn kênaa ingsun jêbèng milu pêrang ||
35. umatur Ki Senapatya | yèn kawula mêksih urip | pan kula kang miyosana | punapa gèning nauri | aman[4] sih paduka ji | adhawuh abdi pukulun | kawula nglampahana | aprang pêjaha rumiyin | yèn wus mati sumăngga karsa paduka ||
36. panêmbahan angandika | karsanira sun turuti | sakèhe wadya Mataram | adandana ing ajurit | putrangong sakathahe |[5] miwah sanak-sanak ingsun | lumampaha sadaya | angiringa Senapati | mapan iku kang dadi sêsilih ingwang ||
37. gêgaman sampun atata | ing alun-alun Matawis | malah ambèr dhatêng pasar | lêlurung kèbêkan baris | ngandika sri bupati | ya ta uwis anak ingsun | nuli sira bubara | sun srahakên ing Yyang Widi | para putra sêdaya sarêng anêmbah ||
38. Senapati atur sêmbah | sang nata ngandika aris | ki jêbèng ayya pêpeka | awrat musuhira iki | matur Ki Senapati | angsala barkat sang prabu | anulya atêngara | kêndhang gong munya tinitir | Kyai Bicak tinabuh munya angangkang ||
39. wong Mêntaram sampun bubar | ingkang lumampah kariyin | mantri bang kilèn sêdaya |
--- [f. 233v] ---
kasambungan wong Mêntawis | para santona wingking | Senapati kang sumambung | lumampah anèng têngah | para putra ingkang wuri | gêgamane prasamya apanthan-panthan ||
40. jabane Taji atata | gunêm pratikêle jurit | santona myang para putra | Senapati anabda ris | ing karsa kadipundi | ingkang miyosi bang kidul | sintên ingkang mêthuka | Pangeran Amangkubumi | angandika lah jêbèng sakarsanira ||
41. Senapati aturira | sadaya lamun suwawi | pangeran ing Purubaya | ingkang dadosa têtindhih | kalayan ingkang rayi | Pangeran Jaraga tumut | lawan Malangsumirang | lawan Panji Wirabumi | Ki Ngabèi Wirapati andhèrèka ||
42. Ngabèi Kartawadana | andhèrèka kang prayogi | lawan wadya ing Kajoran | ingkang dadosa pawingking | karêksaa ing wuri | lah anggèr punika sampun | sampeyan lumampaha | nanging kang prayitna gusti | wadya wetan kang wontên Ngutêr akathah ||
43. kang baris anulya bubar | Pangeran Purubayèki | ingkang dadya senapatya | kawarnaa ingkang kari | mêksih baris ing Taji | Senapati aris matur | dhatêng kang para putra | myang Pangeran Mangkubumi | yèn sêmbada anggèr sampun kalayatan ||
44. gêgaman anulya bubar | ingkang lumampah kariyin | mantri kulon Pamajêgan | Ngabèi Jênar namèki | lan Ki Ngabèi Rawi | Ki Tumênggung Ngawu-awu | Ngabèi Bocor ika | Ki Dêmang Kêlêng tan kari | Ki Ngabèi Kalêgèn sami prawira ||
45. anulya mantri atarap | lampahe ingkang nambungi | gêgaman apanthan-panthan [apantha...]
--- [f. 234r] ---
[...n-panthan] | tinon lir prawata sari | wastane para mantri | Ki Ngabèi Wiratanu | Tumênggung Singajaya | lan Arya Panular nênggih | lan malihe Kyai Dêmang Tanpanaha ||
46. Tumênggung Wiranêgara | Tumênggung Jagabayèki | Angabèi Patrabăngsa | iku mantri ing Matawis | sami prawirèng jurit | Ki Tumênggung Jagasatru | akathah yèn winarna | para punggawa Matawis | ingkang sami pilih tandhing yèn ayuda ||
47. Senapati anèng têngah | kang rayi katiga ngiring | Ki Jêjagu Saradipa | kalayan Ki Nayakêrti | Pangeran Mangkubumi | lan Pangeran Singasantun | lumampah anèng ngarsa | nindhihi wadya Mêntawis | para putra sêdaya anèng ing wuntat ||
48. Jêng Pangeran Kapugêran | Pangran Juminah ing wingking | Pangeran Wiramênggala | punika ingkang nambungi | Pangran Têpasanèki | Pangran Pringgalaya ngayun | nulya Kangjêng Pangeran | Dipati Anom Matawis | kang ginadhang ginanti jumênêng nata ||
49. ginarêbêg wadyabala | rêspati asongsong kuning | anulya ing wingkingira | punggawa mantri Matawis | lawan para bupati | gêgaman abra dinulu | tan kawarna ing marga | wus nabrang Kali Sêmanggi | pra dipati sêdaya aglar atata ||
50. sakathahe para putra | myang Pangeran Mangkubumi | dadya pangawat kang kiwa | sakèhe wadya Matawis | mapan kinèn abaris | anèng têngah prênahipun | pan dadi gêgunungan | dene ta Ki Senapati | anèng têngên kalawan para sêntana ||
51. Ki Jêjagu Saradipa | katiga Ki Nayakêrti | kang dadi pangayunira | marma [mar...]
--- [f. 234v] ---
[...ma] akukuh kang jurit | nênggih Ki Senapati | dene abala sadulur | kang baris lor punika | sigêgên ingkang rumiyin | kawuwusa kang kidul ayun-ayunan ||
52. pangeran ing Purubaya | akalihan ingkang rayi | Pangeran ing Jayaraga | sampun campuh ing ajurit | lan Dipati Pasagi | syarane bala gumuruh | rame dènira yuda | agênti ukih-ingukih | wong Mataram akathahên musuhira ||
53. surak lir karêngèng wiyat | kang sanjata sarêng muni | kalataka asauran | sigra prajurit Matawis | prasamya angawaki | sarêng anandêr angamuk | Pangeran Purubaya | akalihan ingkang rayi | miwah Panji Wirabumi wus narajang ||
54. Ngabèi Malangsumirang | Ki Ngabèi Wirapati | pangamukira manêngah | kang katrajang padha ngisis | miwah Kyai Ngabèi | Kartiwadana angamuk | lir banthèng tawan brana | miwah kang para prajurit | ka[6] katrajang bala wetan bubar-bubar ||
55. surak lir pendah ampuhan | wong wetan sampun kalindhih | prajurite kathah pêjah | sira Dipati Pasagi | palayune anggêndring | mangalor sadya angumpul | sabalane sadaya | sakarine ingkang mati | maksih along[7] mangalor samya kumpulan ||
56. maring bature sêdaya | kang ana ing Jatisari | wus awor sakancanira | kocapa Ki Senapati | campuh dènira jurit | syurane[8] surak gumuruh | kalawan wong bang wetan | arame bêdhil-binêdhil | kang ayuda tan ana ingkang
--- [f. 235r] ---
kasoran ||
57. Senapati anêrajang | kalawan kadange katri | Ki Jêjagu Saradipa | lawan Kyai Nayakarti | rampak pangamuknèki | wong ing wetan kathah tatu | têtunggule wus pêjah | tinigas gulune rèki | prajurite wong wetan kathah kang pêjah ||
58. wong wetan giris sêdaya | lumayu kawalik-walik | padha ngungsi pabarisan | gêgaman agêng dèn ungsi | Saradipa nututi | Nayakêrti Ki Jêjagu | Senapati nèng wuntat | amung wadya magêrsari | patang puluh ingkang ngiring Senapatya ||
59. Ki Senapati punika | kaponakanira uni | Ki Pasagi pamanira | punika kang dèn ulati | tan nyana Senapati | yèn Pasagi anèng kidul | si paman katêmua | arêp atandhing kuwanin | angadua tosing kulit adhu[9] dhadha ||
60. arsa ingsun icipana | têtumbake man Pasagi | dene nora kaparênga | bok iya ingsun dèn anti | kocapa Ki Pasagi | kang kaburu sangking kidul | ya ta kayogya para | kapêngkok mring Senapati | Adipati Pasagi pan katambêtan ||
61. Dipati Pasagi tanya | mring wadya ika wong ngêndi | lumampah lan upacara | ingiring wong magêrsari | pantês iki prajurit | katara ing tandangipun | wadyanira anêmbah | matur mring gustinirèki | pan punika kadi-kadi putra dika ||
62. Dipati
--- [f. 235v] ---
Pasagi nabda | putra kadar sapa iki | punika Ki Senapatya | putra andika pribadi | Adipati Pasagi | asênggak anampèl pupu | bage ta sira nyawa | kêndhèrèh têmu ing ngriki | salawase mung sira sun pinta-pinta ||
63. Pasagi nulya sêsumbar | kêndhèrèh nulia aglis | mung sira ingkang sun ajap | ing mêngko sira kapanggih | ingsun musuhmu jurit | kêndhèrèh aja na kundur | age sira balia | sigra nolèh Senapati | tiningalan punika yèn ingkang paman ||
64. Senapati sigra mujar | hèh bocah payo abali | si paman bagya kapêdhak | angundhat-undhat sun iki | sokur paman Pêsagi | kalamun rika katêmu | rika sun ajap-ajap | sasuwene sun ulati | aja liyan paman musuhira aprang ||
65. Senapati nulya mangkat | kering de wong magêrsari | amung waos kawandasa | kang angiring Senapati | sigra anulya prapti | Pasagi suka gumuyu | gandhèrèh wus awirya | sira ana ing Mêtawis | dene sira nora wêruh kabacikan[10] ||
66. prajurit tan wruh ing wirang | kurang apa nèng Kadhiri | têka ta sira atilar | angawula mring Matawis | boyong saanak rabi [ra...]
--- [f. 236r] ---
[...bi] | dene saemu andulu | sapadhamu tumingal | anêmbah bèbèt wong cili | apa baya sira kurang pangawulan ||
67. Ki Senapati angucap | sira paman ing Pasagi | cala-culu yèn angucap | dèn wawa-wawa yèn mijil | wong kaya rika iki | apantês binacok wêdhung | ngucap urab-uraban | mapan ingsun ing Kadhiri | nora duwe cacad kalayan piala ||
68. Dipati Pasagi mujar | pagene sira ambalik | ning Kadhiri kurang apa | kudu ngawula Mêtawis | kapencut ujar manis | riwayate kang rumuwun | Mêntaram pêsanira | ing têmbe amutêr bumi | najan mangko nora bèbète wong nistha ||
69. yèn mungguh ingsun tan arsa | angawula ing Matawis | pan iku bèbèt wong nistha | Senapati anauri | sira paman Pasagi | iya uwong tanpa ngèlmu | tan wruh ajal kamulan | wite manusa sawiji | sangking Nabi Adam iku purwanira ||
70. kusuma wong papa tunggal | nora gêdhe nora cilik | pan tunggal kamulanira | mapan ta sampun pinasthi | dene Yang Sukmajati | kanyataaning Yyang Luhur | aja kakehan ujar | lah payo paman [pa...]
--- [f. 236v] ---
[...man] Pasagi | têmbe ingwang amusuh ing pakanira ||
71. Dipati Pasagi mujar | wruhanira Senapati | tan ana anak lan bapa | pan sami arêbut kang sih | payo lah Senapati | kêndhèrèh aja na kundur | ingsun kalayan sira | aja na kang ngucirani | lah ta payo Senapati têkakêna ||
72. Senapati anêrajang | amung wong amagêrsari | kathahira kawan dasa | sarêng anarajang sami | sigra Ki Senapati | ngêtab kudanira ngamuk | sira katrajang bubar | ya ta Diati Pasagi | anyamêthi kuda sarwi asêsumbar ||
73. hèh kandhèrèh aja liyan | ingsun musuhmu ajurit | ingsun ajap-ajap sira | dhingin mula sun ulati | lagi mêngko kapanggih | kandhèrèh aja na kundur | Pasagi sigra numbak | nora pasah Senapati | pining tiga Senapati nora pasah ||
74. Senapati wuwusira | lah payo paman Pêsagi | pakanira têkakêna | karosanira dèn ênting | Adipati Pasagi | panumbake pan kasusu | nulya Ki Senapatya | numbak mring pamanirèki | Ki Pasagi jajanira kapisanan ||
75. Dipati Pasagi niba | sayah sarwi amalêsi | panumbake garawalan [garawala...]
--- [f. 237r] ---
[...n] | Senapati nulya kêni | tatu gulune iring | wêtara têdhas sakuku | Senapati aniba | Dipati Pasagi mati | Senapati sarênge agilang-gilang ||
76. kang wadya sami tumingal | Dipati Pasagi mati | anulya sigra rinêbat | binayang kaki Pasagi | ênêngêna kang mati | sigra prapta gaman agung | Ngabèi Patrabăngsa | wruh Senapati ajurit | atêngara sêdyanira nulungana ||
77. pangeran ing Purubaya | ingkang bujung Ki Pasagi | saparane tinututan | nanging ta nora kapanggih | dèrèng kongsi nututi | miyarsa surak gumuruh | agupuh nulya tandang | Pangeran Purubayèki | sarêng prapta lan Ngabèi Patrabăngsa ||
78. nanging nora kawênangan | Senapati wus ngêmasi | layon sampun binandhusa | Pangeran Purubayèki | ngandika lah Ngabèi | Patrabăngsa padha nusu[11] | malar oliha bela | dadi punapa ing benjing | ingkang duka panêmbahan ing Mataram ||
79. kêkasihe lamun pêjah | tan antuk bela prajurit | kang wadya nulya ingatag | musuh kinèn anututi | wadyabala pan aglis | katututan musuhipun | ingkang mikul bandhusa- | nira Dipati Pasagi | wus karêbut kang bandhusa ingungkaban ||
80. Dipati Pasagi [Pa...]
--- [f. 237v] ---
[...sagi] ika | kang layon tinigas aglis | ênêngêna kang kocapa | Jêng Pangeran Mangkubumi | Kangjêng Pangran Dipati | myang para putra akumpul | Ngabèi Patrabăngsa | umatur yèn Senapati | sampun pêjah aprang wontên Jatisêkar ||
81. nênggih rewange ayuda | lawan Dipati Pasagi | sampyuh mapan sarêng pêjah | Pangeran Amangkubumi | ngandika nampèl wêntis | wadya Mataram sirèku | besuk dadi punapa | kêkasih dalêm ngêmasi | nora wurung sira amanggih têtêkan ||
82. wontên jajênêng satunggal | Rănggapita wastanèki | wruh yèn Senapati pêjah | tumulya lumayu aglis | sêdya atur upêksi | dhatêng kangjêng sang aprabu | kocapa pabarisan | Pangeran Amangkubumi | matur dhatêng kang putra Pangran Dipatya ||
83. yèn sêmbada ingkang karsa | anggèr dadosa tatindhih | nêdha sami magut yuda | malar abêlaa malih | pêjahe Senapati | Pangeran Dipati matur | paman sumăngga karsa | kawula dhatêng umiring | para putra sampun siyaga sêdaya ||
84. sigra anêmbang têngara | kêndhang gong munya tinitir | gêgaman sampun atata | prajurite ngati-ati | para putra wus mijil | nitihi gêgamanipun | bubar
--- [f. 238r] ---
sangking pondhokan | gêgaman tinon ngajrihi | kajinêman wetan wruh yèn wong Mêtaram ||
85. gêgaman agêng wus budhal | pan arsa angantêp jurit | sigra ngaturi uninga | maring dipati ing Gêndhing | gêgaman ing Matawis | ing mangke sampun lumaku | karsa angantêp yuda | sigra Ki Dipati Gêndhing | atêngara pan arsa lolos mundura ||
57. Durma
1. tinêngaran gêgaman wetan wis bubar | dharat lumaku dhimin | prajurite wuntat | pan samya kêkapalan | prayitna sira ing wèsthi | lampahnya tata | wong Mataram ningali ||
2. yèn wong wetan gêgamane sampun bubar | sigra para prajurit | arsa nututana | pan atilar gêgaman | sadaya para dipati | myang para putra | sarêng nyongklang nututi ||
3. pan kacandhak gêgamane wong bang wetan | tan catur pêrnahnèki | anulya atata | baris mandhêg sêdaya | prajurite ngati-ati | bêdhil pinasang | rêntakane miranti ||
4. sarêng mangsah para putra ing Mêtaram | miwah para bupati | myang sagung prawira | sarêng dènnya narajang | kinarubut dening bêdhil | surak gumêrah | lir ombaking jaladri ||
5. para putra nora [no...]
--- [f. 238v] ---
[...ra] sangsaya mirisa | samya suka kang galih | lir ngadhêp badhaya | sakèhing kang prawira | pangamuke ngobrak-abrik | numbak anigas | nuduk sarya ngakahi ||
6. para putra pangamuke kadi Parta | kinarutug ing bêdhil | sinasog[12] ing tumbak | linêmbing binrangkolang | suligi kadya garigis | datan tumama | sangsaya anêngahi ||
7. lindhu awor wong bang wetan kathah pêjah | prajurit akèh mati | suraknya sauran | lir karêngèng ing wiyat | wong wetan sampun kalindhih | akathah pêjah | wangke susun atindhih ||
8. prajurite wong Surabaya kèh pêjah | mantrinira kêkalih | pun Răngga Jaladra | murdane wus tinigas | kalawan pun Wiramantri | mastakanira | binêkta mring Mêtawis ||
9. pra dipati Mataram aparêmbagan | arsa putusan mulih | ngaturi uninga | ing kangjêng panêmbahan | yèn kang putra Senapati | pêjah ing rana | sampyuh lan Ki Pasagi ||
10. prajurite kêkalih ingkang palastra | ki dipati ing Gêndhing | lan Răngga Lêlona | lumayu tan karuwan | lan jisime Senapati | sira matura | pinêtêk wontên pundi ||
11. sigra mêsat ingkang duta sêsandêran | sadalu marga prapti | nêngêna kang duta | kocapa Rănggapita | marêk umatur mring gusti | putra paduka | Senapati ngêmasi ||
12. amiyarsa Panêmbahan [Panêmbah...]
--- [f. 239r] ---
[...an] Ingalaga | yèn kang putra ngêmasi | kagyat ing wardaya | asru gagêtunira | panêmbahan ngandika ris | nora kayaa | si jêbèng Senapati ||
13. nora nyana sira nêmahi palastra | pan ingsun ingkang sisip | purwane pralena | dene bêbadhong ika | ingsun kabogan ing nguni | jêbèng nak ingwang | patimu sun belani ||
14. atêngara Panêmbahan Ingalaga | wadya Mêtaram baris | gajah pinalanan | myang titihan turăngga | abdi dalêm kang prajurit | pêpêk sadaya | kapêdhak gêdhong cawis ||
15. pan kasaru sapraptane kang utusan | Pangeran Mangkubumi | ngaturi uninga | pêjahe Senapatya | sampyuh lawan pun Pasagi | rayi paduka | atur têtêkan gusti ||
16. dene tiwas ambaurêksa ing putra | pan ingkang dados galih | ping kalih kawula | kinèn atur uninga | yèn mêsah paduka aji | larod sêdaya | sarta akathah mati ||
17. prajurite inggih kêkalih tinigas | wasta pun Wiramantri | lan Răngga Jaladra | mastakane kabêkta | kalayan kawula gusti | kinèn anêrang | mênggah karsa nrêpati ||
18. punapa ta linajêngakên bang wetan | layan malih kang jisim | putra jêng paduka | anuwun karsa nata | pinêtêk dhatêng ing pundi | têlas aturnya | utusan awotsari ||
19. angandika Panêmbahan Ingalaga | duta balia aglis | lawan Rănggapita | timbalana nak ingwang [ing...]
--- [f. 239v] ---
[...wang] | lan si adhi Mangkubumi | padha muliha | sakèhe wong Mêtawis ||
20. pan jisime Senapati dèn pêtêka | aran desa ing Wêdhi | utusan anêmbah | lèngsèr sangking ngajêngan | panêmbahan ngandika ris | dhatêng kang wadya | sira miyanga aglis ||
21. tuturana nak rabine Senapatya | yèn lakine wis mati | padha amapaga | mring jisim Senapatya | anjujuga desa Wêdhi | wadya tur sêmbah | lampahe aglis prapti ||
22. dhinawuhkên kang timbalan sri nalendra | mring Nyai Senapati | kagyat sira jola | tangise myang sêsambat | wontên ta putrane èstri | wulanjarira | nênggih Ki Mas Balimbing ||
23. dyan rinangkul mring ibune akaruna | dhuh anak ingsun gusti | tan dêrman ta sira | dhimin sira akrama | nuli tinilar ngêmasi | ing mêngko sira | tinilar ing sudarmi ||
24. ênêngêna kang samya nangis alara | kocapa kang lumaris | putusan wus prapta | ing pasanggrahanira | Pangeran Amangkubumi | myang para putra | punggawa dèn dhawuhi ||
25. sampun tampi timbalan dalêm sêdaya | Pangeran Mangkubumi | atêngara bubar | wadyabala gumêrah | kang jisim marang ing Wêdhi | para pangeran | kondur dhatêng Matawis ||
26. nulya katur yèn kang nglurug sampun prapta | panêmbahan tinangkil | sigra ingandikan | putra lawan santana | supênuh kang para mantri | ingkang punggawa | andhèr ngarsa nêrpati ||
27. para putra ganti-ganti ngaras [nga...]
--- [f. 240r] ---
[...ras] pada | miwah kang para ari | kangjêng panêmbahan | mundhut wastra kang endah | agêganjar para mantri | myang para putra | santana datan kari ||
28. Saradipa Ki Jêjagu Kartinaya | ginanjar wastra adi | kalawan kancona | salaka lawan arta | sarta sinungan pawèstri | Ki Saradipa | jinunjung lungguhnèki ||
29. winastanan Adipati Martalaya | Ki Jêjagu ingalih | wasta Jasupănta | mangkana Kartinaya | jinunjung lungguhe rèki | Ki Saradipa | kang raka dèn gêntèni ||
30. Ki Mas Ari ginanjar nagara Dêmak | jumênêng adipati | kèh wadya Mataram | sami jinunjung lênggah | sapantêse wus waradin | myang tinariman | ginanjar busana di ||
31. Adipati Măndaraka aturira | inggih sri narapati | punapa kang karsa | nêgara ing bang wetan | botên paduka lampahi | nganti punapa | mumpung măngsa puniki ||
32. angandika paman mangke dèrèng măngsa | dede manira ugi | ingkang angrata jaman |[13] ing benjing putu kula | ingkang ngrata tanah Jawi | pan pakanira | kaya botên mênangi ||
33. lawan malih paman wawêkas manira | miwah Ki Mangkubumi | adhi Singasêkar | Dipati Mêrtalaya | kabèh putraningsun iki | para punggawa | yèn manira ngêmasi ||
34. anak ingsun Dipati Anom Mêtaram | nadyan anoma iki | ingkang gêntènana | iku ingkang prayogya | sakèhe wadya Mêtawis | padha ngèstokna | kang wadya saur pêksi ||
--- [f. 240v] ---
58. Dhandhanggula
1. datatita nêgari Mêtawis | pan kocapa Dipati Santênan | sineba dening wadyane | sêdyane arsa musuh | ing Mêntaram purwane dhimin | dening kantuning karya | kala Pamadiun | panêmbahan ing Mêtaram | pan alajêng mring Pasuruan kariyin | Kanitèn pêjahira ||
2. sang dipati nora amênangi | panglorode sangking pambarisan | purwane kangên rabine | asangêt wirangipun | pan angrasa kantun ing kardi | kapindho nora nana | duk Pajatisantun | dadya akarsa balika | wadya sami kinèn bêbahak nêgari | lèr Gunung Kêndhêng ika ||
3. Adipati Patthi[14] ngandika ris | mring lêlurah aran Patradita | sira sun utus dèn age | sebaa kakang prabu | aturêna kang sêmbah bêkti | sira nuwuna tumbak | maring kakang prabu | sarta landhehane pisan | Patradita sigra nêmbah nuwun pamit | sowan dhatêng Mêtaram ||
4. ênêngêna duta kang lumaris | kang kocapa kangjêng panêmbahan | sineba ing wadya andhèr | pêpêk kang mantri agung | myang dipati ing Măndarèki | warnanên ingkang suta[15] | prapta ngalun-alun | ingkang aran Patradita | lajêng saos ing ngarsa sri narapati | pun Patradita nêmbah ||
5. kawula nuwun ingutus gusti | dening rayi paduka Santênan | ngaturakên ing bêktine | ing kaping kalihipun | kinèn nuwun waos sang aji | sarta jêjêre pisan | kinarya amêthuk | barise dipati wetan | arsa gêcêk ing nagari [na...]
--- [f. 241r] ---
[...gari] dalêm Pathi | mila nuwun gêgaman ||
6. angandika sang rajèng Mantawis | mring wong gêdhong sira amundhuta | waos aja landhehane | wong gêdhong sigra mundhut | tan adangu anulya prapti | wus katur panêmbahan | ngandika sang prabu | marang duta Kasantênan | ênyoh iki kang waos namung sadhidhik | aturna yayi êmas ||
7. Patradita sigra awotsari | dèrèng punika waos kiwala | datan arsa jêjêrane | angandika sang prabu | jênêng ingsun nora drêbèni | jêjêr waos kiwala | mung iku dèn katur | maring yayi mas Santênan | Patradita anêmbah anuwun pamit | mantuk dhatêng Santênan ||
8. Adipati Măndraka turnya ris | punapa marma rayi paduka | pinaringan waos bae | tan sarta jêjêripun | angandika sri narapati | paman wêruhanira | dhimin badheningsun | angayoni wong Mêtaram | yayi Pathi sakèhe wong ing Mêtawis | padha aprayitnaa ||
9. ya ta wontên putusan kang prapti | sangking Dêmak ngaturi uninga | yèn Pathi awon sêdyane | sarta angirup-irup | ing Balora Warung wus kêni | nanging wadya ing Dêmak | ingkang maksih kukuh | ing mangke awawan-wawan | pun dipati anuwun karsa sang aji | panêmbahan ngandika ||
10. duta sira balia dèn aglis | lan warahên si adhi ing Dêmak | têka awêrana bae | kang duta nêmbah mundur |
--- [f. 241v] ---
kawarnaa ingkang tinangkil | Panêmbahan Mêntaram | dèrèng angêdhatun | sakathahe wadyabala | kinèn saos sagêgamane ngajurit | sang nata sigra jêngkar ||
11. kawarnaa dipati ing Pathi | dawêgira sineba ing wadya | Mangunjaya pêpatihe | mantri ingkang pangayun | Sindurêja ingkang kêkasih | lawan Arjamênggala | ika jajaripun | Ki Apatih Mangunjaya | aturira sampun gusti lamun kêni | dipati sru anyêntak ||
12. angandika dipathi[16] ing Pathi | sakathahe para mantriningwang | lirna sanak ingsun kabèh | manira anjêjaluk | rewangana ingsun ajurit | kalawan wong Mêtaram | pan wus jangjiningsun | alêbu gêni upama | pasthi ingsun timbangên lawan Mêtawis | ala kang kaya ingwang ||
13. Sawunggaling sigra matur aris | kamangkara gusti sang dipatya | ngrês ati pangandikane | lamun paduka lêbur | pan kawula matia dhimin | yèn asêdya palastra | kawula dèn ajur | rumiyina basah bungkrah | pan kawula ta arsa ngawula malih | liyan sangking paduka ||
14. para mantri padha saur paksi | aturira pan sami mangkana | sami wutah prasêtyane | sang dipati amuwus | sun tarima sêcanirèki | winalês Sang Yang Sukma | dipati amundhut | wastra kalawan kêncona | agêganjar wadyanira wus waradin | tan ana kaliwatan ||
15. nulya kinèn amêpêka baris | tinêngaran wus pêpêk sadaya |
--- [f. 242r] ---
wadya Pathi gêgamane | waos sanjata tulup | tawok tamèng parise lêmbing | lêlayunira abro |[17] gandera malêtuk | umbul-umbul kêlab-kêlab | tiningalan lir pedah prawata sari | warnane kang gêgaman ||
16. sigra bubar gêgamane Pathi | sang dipati lumampah ing wuntat | ginarêbêg ing wadyane | anitih kudanipun | Sariyuda wastaning waji | ulês palasa jênar | pinangangge murub | kang wadya samya prayitna | solahira wong Pathi lir banthèng kanin | lir yaksa amamăngsa ||
17. tan kawarna lampahe wong Pathi | kawarnaa sang natèng Mataram | sineba ing mantri kabèh | pêpêk punggawa agung | kajinêman kang lagya prapti | angaturi uninga | marang ing sang prabu | rayi dalêm ing Santênan | sampun bubar lumampah wontên ing margi | anggêcêk ing Mataram ||
18. angandika sang sri narapati | sakathahe wadya ing Mataram | padha asaosa kabèh | ngiringa putraningsun | Adipati Anom Matawis | iku sun kon amapag | wong Pathi prangipun | lan sakèhe sanak ingwang | angiringa sadandanane ngajurit | poma dipun prayitna ||
19. Dipati Mandraka matur aris | kadipundi ing karsa sang nata | anglampahakên putrane | raose manah ulun | rayi jêngandika ing Pathi | yèn ta dede sang nata | pan awrat minusuh | panêmbahan angandika | putra dika [di...]
--- [f. 242v] ---
[...ka] paman kula priha eling | malah mandar meranga ||
20. poma putraningsun ki dipati | pamanira sira elingêna | Mêtaram mapan duweke | dening karsa amungsuh | marang ingsun tan ngong ladèni | yèn pamanira mêksa | nora kêna kondur | têka sira ladènana | ing jurite nanging dèn angati-ati | aja sira papeka ||
21. lah ta uwis angkatêna kaki | waos ingsun iki sira gawa | kang putra atur sêmbahe | sigra tangara sampun | bubar kabèh bala Matawis | lampahipun atata | kang gêgaman agung | tinon sangking ing mandrawa | kadi gunung kawalagar ingkang baris | tan kawarna ing marga ||
22. kang kocapa dipati ing Pathi | sampun prapta ing Taji barisnya | Pamalon pasanggrahane | wong Mataram wus rawuh | Parambanan gènnya abaris | sampun atata-tata | kasaput ing dalu | datan kawarna sêmana | sarêng enjing Dipati Pathi lumaris | karsa ngantêp ing yuda ||
23. kawarnaa gêgaman Matawis | sampun budhal sangking Parambanan | wadyabala ambalèbèr | suwarane gumuruh | kadya ombak musuh kaèksi | Kangjêng Pangran Dipatya | angandika asru | Tumênggung Wiranêgara | andhêgêna gêgamanira rumiyin | sun nêmoni si paman ||
24. samya kandhêg gêgaman Mêntawis | Jêng Pangeran Dipati Mataram | karsa manggihi pamane | wus lumampah sang sunu | ingkang ngiring wong magêrsari | kalawan upacara | kuda kinakarung | lawan [lawa...]
--- [f. 243r] ---
[...n] kang para sêntana | jêng pangeran atêngêran songsong kuning | warnane kadi Parta ||
25. adipati ing Pathi ningali | sigra dangu maring ingkang wadya | sapa iku bupatine | mung lan upacaranipun |[18] kering dene wong magêrsari | ingkang asongsong jênar | bocah yèn sun dulu | anulya pinarêpêkan | sampun cêdhak adipati aningali | kalamun ingkang putra ||
26. Adipati Pathi langkung runtik | pan asangêt meranging wardaya | pinapag bocah jurite | dèn norakakên ingsun | cacak ingsun dèn bêbocahi | asru dènnya ngandika | dhatêng putranipun | lah ta êndi ramanira | lawan sira marene kinèn punapi | kang putra aturira ||
27. kangjêng rama mêksih anèng puri | pan kawula kang mêthuk sampeyan | angladosi sakarsane | kawula kinèn matur | ing paduka karsa punapi | pinarak ing Mêtaram | bakta baris agung | punika wêlinge rama | ing Mataram sampeyan ingkang darbèni | pun rama dêrmi gadhah ||
28. Adipati Pathi anauri | lah mênênga bapa anak ingwang | ingsun wêruh lêlêgêde | ramanira karuwun | wus unine ngenak-enaki | ingsun pinrih mundura | pan ingsun tan purun | balik sira abalia | ramanira sira kona amêtoni | sun musuhane yuda ||
29. angandika Pangeran Dipati | botên purun kawula wangsula | kangjêng rama pitungkase | ye[19] mêksa datan emut | kula ingkang kinèn ngladosi | ing sakêrsa sampeyan | kang paman marêngut | dene [de...]
--- [f. 243v] ---
[...ne] akaliwat-liwat | bapakamu olihe amêjanani | sun dèn pandhingi bocah ||
30. sira kulup nora sun ladèni | kang sun pinta-pinta atêmua | bapakamu kang sun ame | arêp ingsun atêmu | atandhinga êtosing kulit | wusira amuliha | tutura dèn gupuh | lamun ingsun arsa-arsa | bapakamu amêtonana ing jurit | atandhing kadigjayan ||
31. Jêng Pangeran Dipati sru runtik | hèh si paman kakehan wicara | sigra dèn candhak waose | pinarêpêkan sampun | ingkang paman dipun larihi | kagyat Dipati jola | asru dènnya muwus | dudu musuhmu ayuda | sira bocah lumuh ginawe abêcik | uwis sira muliha ||
32. jêng pangeran anglarihi malih | panumbake karasa yèn lara | kang paman asru dukane | anyandhak waosipun | pan winalik buntar kinardi | ingkang putra binuntar | anulya kasambut | rinêbat kang wadyabala | rinarămpa binêkta mundur aririh | prapta ing pasanggrahan ||
33. sakathahe sêntana Matawis | aputusan ngaturi uninga | lamun kasambut putrane | Dipati Pathi mundur | asowara ing bala mantri | padha ababitingan | mêngko karsaningsun | yèn wong Mataram angrangsang | lamun dudu kakang prabu ing Matawis | aja na sira mêdal ||
34. pan galugu kang kinarya biting | ênêngêna ingkang bêbarisan | kawarnaa putusane | prapta nagri Matarum | jumarajog[20] [jumarajo...]
--- [f. 244r] ---
[...g] malêbèng puri | panêmbahan pinarak | anèng jro kadhatun | lawan gruwa Jêng Ratu Mas | sigra matur ingkang duta awotsari | kawula tur uninga ||
35. putra dalêm kasambut ing jurit | yuda lawan kang paman Santênan | marga binuntar lorode | kagyat mirsa sang prabu | ingkang gruwa dipun tingali | panêmbahan ngandika | kapriye adhimu | sun nyana tuli ilinga | anakira marma sun utus tumuli | amapaga kang yuda ||
36. pamrih ingsun elinga si adhi | mundur bocah têka tinêmênan | yayi paran ing karsane | ingkang garwa umatur | pan sumăngga karsa nrêpati | kawula tan angrasa | darbea sadulur | nanging paduka sang nata | kang katingal saèstu awon pun adhi | sakarsa angukuma ||
37. panêmbahan angandika aris | apa têmên sira iku lila | arinira ing patine | kang garwa aris matur | pan kawula datan darbèni | tingal liyan paduka | datan darbe dulur | nanging sampeyan panutan | donya kerat ingkang ulun kawulani | garwanira dèn aras ||
38. wus karia yayi ingsun mijil | ingsun tilikane putranira | ing yuda ngong
--- [f. 244v] ---
tuwanane | wus busana sang prabu | sri nalendra anulya mijil | Kyai Bicak tinêmbang | syarane angungkung | gègèr wadya ing Mataram | orêg kabèh miyarsa Ki Bicak muni | têmbang mantuk payudan ||
59. Durma
1. dyan warnanên kang wadyabala Mataram | miwah para bupati | ingkang pinituwa | sampun pêpêk sêdaya | Dipati Mandraka prapti | pan nora tega | dhatêng kang putra aji ||
2. nulya budhal Panêmbahan ing Mêtaram | anitih kuda putih | aran Bratayuda | lampahnya cêcongklangan | nanging kapêdhak kapilih | kang nunggang kuda | ika kang nora kari ||
3. datan dangu sigra prapta Parambanan | nanging kasaput wêngi | arêrêb sadaya | wanci bangun raina | dènira angangkat jurit | Bicak tinêmbang | lir munia ing langit ||
4. sigra bubar gêgaman ing wayah pajar | suraking wadya [wa...]
--- [f. 245r] ---
[...]
--- [f. 245v] ---
[...]
sampun sah
--- [f. 246r][21] ---
[...dya] alit | wong Pathi miyarsa | yèn wong Mêtaram mangsah | gègèr puyêngan jro biting | tan kêna tata | mêksih pêtêng kang wêngi ||
5. panêmbahan lumampah ana ing ngarsa | Măndaraka tan têbih | angulati dalan | karsa anglêbêtana | ing bitingira wong Pathi | tan antuk marga | Dipati Madurèki ||
6. dhuwungira kang aran pun Culik ika | binabadakên biting | galugu têtiga | watara sêdhêng jaran | Măndaraka sigra angling | jêng panêmbahan | puniki marga bêcik ||
7. wus malêbêt Panêmbahan Ingalaga | mring bitinge wong Pathi | mung wong kawan dasa | sarêng pangamukira | apuyêngan bala Pathi | an[22] wruh ing mêngsah | salin tunjang jro biting ||
8. para mantri dèrèng kongsi asiyaga | katunjang ing wong cilik | tan nyêkêl gêgaman | kang têrsna gustinira | anangis takèn ing gusti | abilulungan | salin tumbak pribadi ||
9. katungkêban dening gêgaman Mêtaram | sami malêbêt biting | sarêng pangamuknya | wong Pathi akèh pêjah | tinunjang rêbah kang biting | malayu sira | sami gêbyur ing kali ||
10. Kali Dêngkèng kawula nacak sêkala | banjire gêgilani | parjurit[23] kèh pêjah | miwah para punggawa | katunjang dening wo[24] cili | kagêbyur toya | marmane akèh mati ||
--- [f. 246v] ---
11. ki dipati ing Pathi nora karuwan | jisime tan kêpanggih | wikana uripa | wikan yèn matia |[25] wong Pathi sisaning mati | datan karuwan | playune kang dèn usi ||
12. sampun bubar kang sinêmbah ing Mêtaram | gumrah kang wadya alit | lampahnya atata | samya apanthan-panthan | ênting sukaning prajurit | datan kawarna | ing marga sampun prapti ||
13. sapraptane malêbêt kitha bacingah | sawadya ing Matawis | samya sukan-sukan | babêksan têtandhakan | panêmbahan wus tinangkil | nèng pagêlaran | lênggah bangsal pangrawit ||
14. agêganjar panêmbahan dhatêng bala | wênèh jinungjung ligih | ingkang dosa pêjah | sêmona pinêjahan | kang bêcik sinung nêgari | sampun wêrata | ginanjar para mantri ||
15. sampun kundur sang nata ing dalêm pura | tan ketang laminèki | gèngn[26] jumênêng nata | kêlangkung kartanira | pan nagari ing Mêtawis | tan ana bêra | kang gunung dadya rêsmi ||
60. Asmaradana
1. wus karta nêgri Mêtawis | wus lama tan ana karya | ya ta agêrah sang katong | anèng ing bale jênar |[27] dèn ayap para garwa | kang para putra akumpul | Adipati Măndaraka ||
2. kang tansah winêling-wêling | poma paman Măndaraka [Mănda...]
--- [f. 247r] ---
[...raka] | lawan sanak ulun kabèh | anak ingsun anom tuwa | padha angistukêna | marang ing wêwêkas ingsun | ing benjang sapungkur ingwang ||
3. ingkang anggêntèni aji | anak ingsung Radèn Jolang | iya Ki Dipati Anom | kang jumênêng Mataram |[28] singa kang nora rêmbag | nora olih barkat ingsun | anggayuh-gayuha tuna ||
4. lan sira Ki Mangkubumi | lawan paman Măndaraka | amung pakanira karo | kang ulun srah ing Mêtaram | dadine anakira | pan pituduhing Yyang Agung | kang tuwa padha momonga ||
5. sampun dènira mêmêling | basa amit asalawat | paring salam ing kadange | panêmbahan lir anindra | icale tan uninga | amung ta rajasunu |[29] uninga nêcêp kang kalam ||
6. wus mundur Pangran Dipati | Adipati Măndaraka | sarêng uninga icale | kajang sirah ingambilan | tangis kir[30] bata rêbah | kadya ombak samodra gung | tangis salêbêting pura ||
7. para putra agung alit | sami anungkêmi pada | amlasarsa sêsambate | Adipati Măndaraka | para garwa cinêgah | kèndêla aja na muwun | nanêdhaa ing Yang Sukma ||
8. nimbali pangulu kêtib | kang layon wus siniraman |
--- [f. 247v] ---
nulya kinapanan age | tan antara sinalatan | dening para nguloma | sawêrnine para kaum | asalat sangking kadohan ||
9. sinare kilèning masjid | datan têbah lan kang rama | sampuning pitung dinane | pêpêk kang wadya sadaya | miwah para santona | para putra punggawa gung | pêpêk anèng pagêlaran ||
10. pangeran ing Mangkubumi | lan Dipati Măndaraka | atugur anèng kadhaton | amangku kangjêng pangeran | dipati ing Mataram | măngsa ing sêseban agung | miyos dhatêng pagêlaran ||
11. Kangjêng Pangeran Dipati | kinanthi dhatêng kang paman | prapta ing pagêlarane | pinarak anèng witana | pêpêk kang para putra | Dipati Măndraka muwus | hèh sakèhe wong Mataram ||
12. sasedane kangjêng gusti | ingkang gumanti ing nata | Pangeran Dipati Anom | sapa kang nêdya malanga | pan ingsun mungsuhira | para putra samya dhêku | miwah kang mantri sadaya ||
13. para sêntona ngèstrèni | jênêngira panêmbahan | sami mirsa wirayate | dadya sumungkêm sadaya | tan ana kang malanga | duk sêmana sang aprabu | enjing miyos sinewaka ||[31]
61. Mijil
1. pirang taun lamine ing mangkin | dènnya madêk katong | ing Mêtaram kalangkung kartane | langkung eca manahe wadya lit | parentahe adil | palamarta agung ||
2. Sri Nalendra Mêtaram tinangkil | pêpêk wadyanya wong | pra santana samya nangkil kabèh | angandika sang sri narapati | wadya ing Mêtawis | ingsun pan amundhut ||
3. gawenira [gawe...]
--- [f. 248r] ---
[...nira] karyakêna aglis | taman ing bing kulon | ing Danalaya iku arane | sakulone ing kadhaton iki | wadya awotsari | anulya sinambut ||
4. karsanira sang natèng Matawis | mêng-amêngan katong | laweyan pêthak liwat gêdhene | pun[32] Juru Taman wantene[33] rèki | anang ing[34] jro puri | ika kinèn mêtu ||
5. nèng kadhaton tansah ngrêrusuhi | telad marna katong | para sêlir kang tidha tingale | akathah garwa ingkang kagimir | mila sri bupati | karsa kinèn mêtu ||
6. kawarnaa taman sampuk[35] dadi | asri lamun tinon | Danalaya punika wêstane | Juru Taman sampun kinèn mijil | anèng taman asri | punika gènipun ||[36]
7. purwanira Sang Nata Matawis | sakti punjul ing wong | ngambah sagara kadya dharate | lamun arsa ngidêri nagari | sakêdhap gya prapti | ing kamulanipun ||
8. pun Juru Taman ingkang anyunggi | satindak sang katong | mila luwih sang nata saktine | miwah lamun lumampah ing wêngi | tan ana kang wêrit | tan ana kang ewuh ||
9. kawarnaa sang prabu tinangkil | pêpêk kang punang wong | pra sêntana sami nangkil kabèh | Adipati Măndraka ning ngapti | Pangran Mangkubumi | Pangran Singasantun ||
10. miwah Pangeran Purubayèki | nèng ngarsa sang katong | para dipati wurine andhèr | amung Pangran Pugêr datan prapti | apan sakit galih | rumasa kang sêpuh ||
11. angrasa merang[37] seba kang rayi | dening kadang anom | jêng pangeran ing Pugêr
--- [f. 248v] ---
kêrsane | adarbea cêcangkok pribadi | nagri Dêmak nênggih | kênia jinaluk ||
12. angandika sa sri narapati | Măndraka katinon | lan Pangeran Angmangkubumine[38] | paman kaki lah ta kadipundi | putra dika anênggih |[39] ing Cangcangan iku ||
13. tansah botên eca ingkang galih | aseba maring ngong | kakang êmas ing Pugêr karsane | adarbea cêcangkok pribadi | ing Dêmak anênggih | dados karsanipun ||
14. gèh ta paran karsa dika kaki | Măndraka turnya lon | yèn suwawi tinurut karsane | kadipundi Pangran Mangkubumi | ature suwawi | karsane tinurut ||
15. malar mandar dadosa têtawing | nagari bang êlor | Adipati Mandraka wuwuse | sakathahe para dipati |[40] inggih kadipundi | samya darbe atur ||
16. wadya Mataram asaur paksi | andhèrèk sang katong | wontên ngriki tan eca galihe | lêhêng tinurutan sakarsaning | pra santana sami | sadaya jumurung ||
17. panêmbahan angandika aris | datêng[41] mantri anom | aturana kangmas marene |[42] sigra mangkat Kapugêran prapti | matur awotsari | duta kalihipun ||
18. lampah kawula ingutus gusti | rayi sang akatong | angaturi sampeyan dèn a[...] |[43] ingantosan anèng păncaniti | pangeran adugi | karsane sang prabu ||
19. ngagêm kampuh pangran wus amijil | nitih kudanya [ku...]
--- [f. 249r] ---
[...danya] lon | gêgancangan pan aglis praptane | nulya umarêk dhatêng kang rayi | ajajar alinggih | Mandraka ing ngayun ||
20. panêmbahan angandika aris | ingkang raka tinon | kakang êmas sampeyan ing mangke | pinarêka ing Dêmak suwawi | jumênêng Dipati | Dêmak nêgara gung ||
21. ingkang raka ature pan inggih | ing sabda sang katong | ya ta mundur sadina bubare | sabrayanira tan ana kari | tan kawarnèng margi | ing Dikêp pan rawuh ||
22. sapraptanira ing Damak[44] nênggih | idhêp kang ponang wong | yèn Pangeran Pugêr dipatine | wong ing Dêmak sadaya samya jrih | marang Jêng Tipati[45] | Pugêr sami nungkul ||
23. pamongmonge pangeran ing nguni | Tăndha wastanya wong | mapan sampun jinungnjung[46] lungguhe | adipati ing Panjêr anênggih | wastane ing makin[47] | pan sampun misuwur ||
24. pan kinarya pêpatihe rèki | parentah punang wong | nagri Dêmak sami suyud kabèh | adipati ing Dêmak amukti | timbang lan Mêtawis | dede saminipun ||
25. ênêngêna kang sampun amukti | kocapa sang katong | ing Mêtaram sineba wadyane | pra santana kabèh sami nangkil | myang para bupati | lirna pinisêpuh ||
26. wontên ingkang sadhèrèk nêrpata |[48] kêkalih kang anom | Radèn Têmbaga ikang kêkasihe |[49] Radèn Kadhawung ingkang satunggil | karsane sang aji | kang rayi junungjung ||
27. angandika sang sri narapati | marang kang punang wong | ngèstokêna wadyaningsun kabèh | lan
--- [f. 249v] ---
sakèhe kang para dipati | ariningsun kalih | padha ingsun jujung ||
28. Ki Têmbaga jênênga Dipati | Pugêr wastanya wong | dening Ki Kêdhawung kêkasihe | Tanpanangkil sami angèstrèni | kang para dipati | mênggah pinisêpuh ||
29. panêmbahan angandaka[50] malih | apa wartaning wong | kakang êmas ing Dêman[51] kapriye | apa nerana[52] suwalèng budi | lawan kang wadya lit | apa padha suyud ||
30. Dipati Martalaya wotsari | matur ing sang katong | abdi dalêm amirsa wartane | igih pênêd raka paduka ji | pan sampun akardi | patih êmbanipun ||
31. pun Tăndhanagara dadi pêpatih |[53] dipati rannya wong | akêkasih ing Panjêr namane | nagrinira apan karta-karti | sigra sri bupati | kundur angadhatun ||
32. sakathahe ingkang para rabi | amêthuk sang katong | ênêngana[54] kang aning purane | kang kocap sira sang dipati |[55] ing Dêmak tinangkil | dening mantrinipun ||
33. tigang warsa lamine ing mangkin | tan seba sang katong | pan kalimput dening kamuktène | wontên bupati anyar angabdi | sangking ing Kadhiri | asale karuhun ||
34. kang awasta dipati ing Gêndhing | gagah prakosa nom | Dipati Dêmak kalangkung sihe | dening prapta sumadya angabdi | bêkta kawan dèsi | rencangnya gul-agul ||
35. sigra matur Sang Dipati Kêndhing[56] | sarya awotsinom |
--- [f. 250r] ---
pan kawula anuwun karsane | dening botên seba ing Matawis | atur kula gusti | inggih sampun tanggung ||
36. pan nagari saêlèring ardi | ingangkah punang wong | asebaa maring Dêmak kabèh | lan panduka madêg nêrpati |[57] sami tunggal wiji | sampeyan kang sêpuh ||
37. sampun apantês paduka gusti | jumênênga katong | wong bang êlèr sampeyan gustine | rayi dalêm jumênêng Matawis | pan madêg nêrpati | punika tan patut ||
38. jêng dipati angandika aris | apa karsanya wong | sadyaningsun mangkono lamine | iya sangking durung olih kanthi | mako[58] sira iki | dadya kanthiningsun ||
39. kalangkung suka galih nêrpati | wus jumênêng katong | Dipati Panjêr liwat sukane | miwah ingkang mantri Dêmak sami | suka tyasirèki | sadaya jumurung ||
40. angandika sira sri bupati | marang ing punang wong | wadyanisun lumampaha kabèh | ambahaka wong salère wukir | konên seba aglis | marang jênêng isun ||
41. lamun ana băngga dipun mati | rabine binoyong | wadyanira sampun bubar kabèh | anglampahi andikaning gusti | sampun dèn bahaki | wong saloring gunung ||
42. ingkang băngga sami dèn patèni | rabine binoyong | wus misuwur Dêmak pambalike | Adipati [Adi...]
--- [f. 250v] ---
[...pati] Pajang miyarsèki | yèn ing Dêmak balik | sêdya saos atur ||
43. sigra putusan dhatêng ing Matawis |[59] asowan sang katong | lêlancaran kang duta lampahe | kawarnaa sang prabu tinangkil | dening para mantri | ajêjêl supênuh ||
44. Măndaraka Pangran Makubumi[60] | ing ngarsa sang katong | pangran ing Purbaya jajare |[61] lan[62] kang paman Pangran Singasari | andhèr pra dipati | sêntana ing ngayun ||
45. kawarnaa utusan kang prapti | umarêk sang katong | duta Pajang tinata ature | kawula nuhun sri narapati | abdi dalêm gusti | anênggih ingutus ||
46. pun paman Pajang atur udani | ing paduka katong | rakanta Jêng Dipati Dêmake | pan ambalik dhatêng sri bupati | desa lèring wukir | sadaya dèn irup ||
47. ingkang băngga samya dèn patèni | rabine binayong | jinarahan sarajakayane | lawan sampun jumênêng narpati | nêgari pasisir | sadaya misuwur ||
48. angandika sang natèng Mêtawis | mokal yèn mêngkono | apan ingsun piyandêl agêdhe | dening kakangmas ambahaki |[63] wong saloring wukir | pan kagunganipun ||
49. nadyan bahaka wong sakiduling ardi |[64] amundhut punang wong | sapanggone kakangmas angêmpèk | lamun dudu kadang kang kuwawi | angêmpèk kang mukti | jêr ingsun kang agung ||
50. dyan nêgara ing Mêtaram iki | ingsun darma gadhoh | kakang êmas pan ingkang adarbe | iya Dêmak iya ing Mêtawis | timbalan rama ji | ingsun kinon atut ||
51. panêmbahan angandika aris | Măndraka kang tinon | inggih kaki karsaningsun mangke |
--- [f. 251r] ---
kakang êmas kawula aturi | dhumatêng Mêtawis | lawas tan katêmu ||
52. lan sakèhe pawarta puniki | datan karya linyok | marma kaki ulun yêktènane | yèn kakangmas ingundang tan prapti | yêkti angayoni | lali ing sadulur ||
53. Adipati Măndraka turnya ris | sumăngga sang katong | sigra Pangran Mangkubumine |[65] lan kang rayi Pangran Singasari | ature suwawi | andhèrèk sang prabu ||
54. lawan ingkang timbalan rumiyin | syargi sang katong |[66] kinèn atut adarbe sadhèrèk | sintên ingkang samya amiwiti | sampun manggih bêcik | wasiyat rumuhun ||
55. sri nalendra ya ta ngandika ris | gandhèk mantri anom | lumampaha ing Dêmak dèn age | aturana kangmas dipati |[67] rawuha Mêtawis | liwat onêng ingsun ||
56. lan sakèhe desa loring ardi | aturêna kang wong | mantri gandhèk atur sêmbah lèngsèr | lampahira tan kawarnèng margi | wus prapta nagari | Dêmak kang jinujug ||
57. kang kocapa sang dipati nangkil | pêpêk wadyanya wong | adipati ing Gêndhing ngarsane | adipati ing Panjêr tan têbih | wus atur upêksi | yèn utusan rawuh ||
58. ingandikan duta awotsari | sarwi matur alon | ulun ngutus ing rayi sang natèng | ngaturakên desa loring ardi | layan kaping kalih | kawula ingutus ||
59. angaturi mring paduka gusti | sru onêng sang katong | ing paduka rumaos galihe | datan darbe kadang sêpuh malih | sang dipati angling | matura gustimu ||
60. sinambungan mring Dipati Gêndhing | wuwusira sagol[68] | iya ingsun ingkang ora awèh | asebaa marang ing Mêtawis | wus dadi nêrpati | ing panjurung ingsun ||
61. kari apa lan Raja Mêtawis | samya
--- [f. 251v] ---
trahing katong | gustiningsun ingkang sêpuh dhewe | yogya gumanti ing rama ji |[69] balik ing Mêtawis | wruha nganomipun ||
62. prayayi gandhèk matura aglis | marang ing sang katong | lamun ingsun ingkang nora awèh | Jêng Dipati Dêmak ngandika ris | matura si adhi | ingsun nora purun ||
63. têlasêna Dipati Mêtawis | angundang maringong | tan lumaku kang duta glis lèngsèr | nagri Dêmak pan sampun kawingking | wus prapta Mêtawis | duta lampahipun ||
64. kawarnaa sang sri narapati | sineba ponang wong | Adipati Măndraka ngarsane | lawan Pangeran Mangkubumi |[70] Pangran Singasari | tansah anèng ngayun ||
65. sampun prapta duta awotsari | matur ing sang katong | abdi dalêm ingutus wiyose | angaturi raka paduka ji | gusti batên kering | sampun madêg ratu ||
66. Adipati Gêndhing kang ngêkahi | ingkang jungjung katong | wus misuwur nagari kang êlèr | pitungkase rakanta ing nguni | têlasa Mêtawis | mantri ngundang mringsun ||
67. măngsa ingsun gêlêma lumaris | têmu rayi katong | aran wus darbe nêgara dhewe | kathah-kathah sabdaning raka ji | lan Dipati Gêndhing | kang karya pakewuh ||
68. sapintêna rakanta dipati | pun Gêndhing kang awon | amêmanas manah wicarane | amiyarsa sang sri narapati | ature kang abdi | wigêna jroning kalbu |[71]|
62. Asmaradana
1. ngandika sri narapati | mring Dipati Măndaraka | kaki punapa karsane | punika sampun kantênan | yèn amiwiti ala | Dipati Măndraka matur | ulun sumăngga ing karsa ||
2. dening anyidrani jangji | raka paduka ing Dêmak | asêdya salah atine | măngsa pênêda tinêmah | dening nêrak wasiyat | rama ji kang sampun surud | tan [ta...]
--- [f. 252r] ---
[...n] ngistokakên pitungkas ||
3. angandika sri bupati | inggih punapa ing karsa | mênggah pun paman kalihe | aprakawis putra dika | ing mangke salah karsa | ingkang paman kalih matur | ulun andhèrèk sang nata ||
4. panêmbahan ngandika ris | yèn batên linampahana | wus karuwan pambalike | kakangmas Dipati Dêmak | arsa ngayoni mringwang | dumèh anom tanpa balung | lah anêdha linurugan ||
5. Dipati Martalayèki | sira anêmbang têngara | Martalaya nulya bêndhe | wadya Mêtaram sanega | gêgaman warna-warna | kaparêk gêdhong wus kumpul | miwah kang para sêntana ||
6. alun-alun dènnya baris | kang para dipati aglar | Pangeran Purubayane | lawan Pangeran Juminah | Pangran Wiramênggala | Pangeran Jayaragèku | lan Pangeran Têpasana ||
7. Pangeran Pringgalayèki | Dipati Pugêr wus prapta | lan Dêmang Tanpanangkile | gêgamane tan ingetang | wong agung tau tatal | kang pinatah anèng pungkur | rumêksa sri naranata ||
8. sakèhe para prajurit | bupati lawan punggawa | Pangran Juminah tindhihe | gêgaman sampun samêkta | Dipati Măndaraka | alon matur ing sang prabu | yèn sêmbada ingkang karsa ||
9. paduka sampun nindaki | ngamungna kang wadyabala | sêntana lumampah kabèh | pangraos ulun kabangkat | kadar pintên ing Dêmak | angandika sang aprabu | sampun dika anggêgampang ||
10. datan wontên gêdhe cilik | Yyang Sukma luwih kuwasa | mênangakên ngalahake | punika sami pinutra | tur putra ingkang tuwa | bok winongwong ing Yyang Agung | purune mêngsah Mêtaram ||
11. kakangmas arsa ngayoni | kaki dhumatêng manira | pasthi ngong lumampah dhewe | marang nagara ing Dêmak | kaki dika bubarna | sakèhe gêgaman agung | sigra anabuh têngara ||
12. pangarsa [pang...]
--- [f. 252v] ---
[...arsa] sampun lumaris | gêgaman tanpa wilangan | sakathahe mantri kilèn | kasambungan wong Mêtaram | lir wukir kawêlagar | datan kawarna ing ênu | jawining Taji atata ||
13. wus budhal sri narapati | prapta ing nagari Pajang | Dipati Pajang wus awor | rêrêb sadalu kewala | enjing anulya bubar | ênêngêna sang aprabu | kocapa Pangeran Dêmak ||
14. kajinêman lagi prapti | sampun ngaturi uninga | jêng pangeran nuli miyos | pêpêk ingkang wadyabala | aglar anèng paseban | Dipati Gêndhing nèng ngayun | Dipati Panjêr ajajar ||
15. angandika sang dipati | sira nêmbanga têngara | wadya Mêtaram wartane | ing wingi ana ing Pajang | arsa gêcêk ing Dêmak | Dipati Gêndhing amuwus | atakèn ing kajinêman ||
16. sapa sêntana Mêtawis | ingkang dadi senapatya | pun kajinêman ature | inggih sang nata piyambak | ingkang nindaki ing yuda |[72] pra sêntana pinisêpuh | kêrigan wadya Mêtaram ||
17. malêrêk Dipati Gêndhing | amicarèng ing wardaya | yèn mêngkono ing lampahe | kayaparan yèn mênanga | lir karubuhan wiyat | kang manah ngrasa kaduwung | matia sun kapakêna ||
18. têngara tinêmbang muni | gêgaman sampun samêkta | kang bala mantri cumaos | sigra wong Mêtaram prapta | sampun ayun-ayunan | nanging kasaput ing dalu | samya mondhok arêrangkah ||
19. Raja Mêtaram kang winarni |[73] parentah ing wadyabala | wadyaningsun sakabèhe | ing benjang campuhing yuda | poma wêkasira |[74] yèn kakang êmas angamuk | oliha wong pira-pira ||
20. aja na sira natoni | pêpacuhan yèn bêsèra | enjing kawarna barise | wong Mêtaram sampun têka | gêlare prit anêba | gêgaman Dêmak kawuwus | mêlatar sami prayitna ||
21. sakèhe para prajurit | gêlare nulya
--- [f. 253r] ---
tinata | kang minăngka pêngawate | Dipati Panjêr kang kiwa | Dipati Gêndhing kanan | kang têngah dipatinipun | Pangeran Pugêr ing Dêmak ||
22. anulya têngara muni | wong Mêtaram anêrajang | kang tinêbah pêngawate | Dipati Gêndhing wus mangsah | lawan para sêntana | prawira sami angamuk | rusak lir karêngèng wiyat ||
23. anuju sira Dipati | Martalaya tinarajang | lan mantri panumping kabèh | kapanggih sami prawira | wong Dêmak karepotan | wong panumping sarêng ngamuk | prajurit Dêmak kèh pêjah ||
24. nêrajang Dipati Gêndhing | ngamuk lan Jayasamodra | Martalaya kang rinojong | sakancanira panêkar | Arya Jayasupănta | Dipati Gêndhing kinêpung | kalawan sarowangira ||
25. solahe lir banthèng kanin | mantri ing Dêmak sadaya | wus kinêpung sabalane | ngalor ngidul katadhahan | pun Gêndhing ginitikan | tan pasah ing waos duduk | Dipati Gêndhing wus sayah ||
26. dèn byuki marang gêgitik | Dipati Gêndhing ngalumprah | ginitikan ing wong akèh | tan antara nuli pêjah | Jasamodra nêrajang | tinadhahan sampun rubuh | tanpa kanin pêjahira ||
27. sirahe wus dèn kêthoki | kang kari bubar sêdaya | kang kiwa umangsah age | Dipati Panjêr nêrajang | lan Arya Binarongan | sabalane sami ngamuk | nuju kang para sêntana ||
28. apanggah samya nadhahi | wong Dêmak nulya kinêpang | Arya Binarong kalaton | akathah prajurit pêjah | Walangcanthung kabranan | sabature wus lumayu | Dipati Panjêr kinêpang ||
29. anulya dipun gêbugi | binalangan ing lêlungka | ginitik papor[75] bêdhile | Dipati Panjêr wus sayah | lajêng niba kalumah | wus binănda winayungyung | mantri Dêmak kathah pêjah ||
30. baris Mêtaram nangkêbi | Pangeran Dêmak kinêpang | mung kantun [kantu...]
--- [f. 253v] ---
[...n] kawula jêro | kang aran Sapiakantar | lawan pun Sêcaulat | Kyai Dêmang Wirajumput | lawan Răngga Pênayaban ||
31. pun Sabalong Marakêni | Rănggarusuh anèng ngarsa | gawan saking Mêtarame | Dipati Dêmak nêrajang | lan kapilih sadaya | singa tinarajang mawut | pangeran lakung prawira ||
32. wadyane sadaya mati | wong Mêtaram wus angêpang | sami ngagêm canggah congkob | sang dipati kinathahan | cinongkob lan cinanggah | kang sarira sampun lêsu | Padurêksa anêrajang ||
33. tumulya sinikêp aglis | Dipati Dêmak tan obah | ingambilan gêgamane | Adipati Martalaya | amundhut tandhu wus prapta |[76] Pangeran Dêmak tinandhu | wadya Dêmak sirna gêmpang ||
34. wus katur ing sri bupati | yèn kang raka kapusara | sri bupati sigra badhol[77] | wadya Mêtaram wus bubar | sangking ing Tambakbêras | sri nalendra sigra kondur | Pangeran Dêmak binêkta ||
35. Dipati Panjêr tan kari | anèng marga pinêjahan | binuwang jurang mayide | sampun rawuh ing Mêtaram | sang nata angandika | mantri gandhèk kinèn wangsul | dhawuhêna kakang êmas ||
36. mêngko awangsula maning | sun pêrnahkên Kudus ika | utusan sigra lampahe | Pangeran Pugêr kapapag | ing Pajambèn sêmana | winagsulakên ing Kudus | ingiring wadya Mêtaram ||
37. pinêrnahkên Kali Gêlis | Pangeran Pugêr ing Dêmak | lawan sawarga putrane | sadaya sami binêkta | langkung kawêlasarsa | punika sêngkalanipun | rêsi pêksa tata jalma |[78]|
38. kocapa Sri Narapati | Mêtaram lagya sineba | wadyabala pêpêk kabèh | miwah kang para sêntana | dipati sinatriya | para pangeran nèng ngayun | panêmbahan angandika ||
39. nêgara Dêmak ing mangkin | ingsun tanduri [ta...]
--- [f. 254r] ---
[...nduri] dipatya | ing lêlurah wong ganjure | kang aran Gadamêstaka | alinggiha ing Dêmak | ingsun paringi jêjuluk | Si Tumênggung Suranata ||
40. sakèhe para dipati | ngèstrèni kang pangandika | panêmbahan lèlèr-lèlèr | busana kang endah-endah | kêncana myang sêlaka | mantri punggawa sêdarum | dèn pêpantês karyanira ||
41. para bupati wêradin | sêntana suka sêdaya | datan pêg pamujine |[79] Pangeran ing Pringgalaya | kang ngaturkên prasêca | mring kang raka sang aprabu | kawula yèn anêdyaa ||
42. balika dhatêng nêrpati | prapta saturun kawula | mugi cêndhêka umure | yèn maksih turun paduka | anak putu kawula | yèn anêdyaa amungsuh | sampun amanggih raharja ||
43. kang sampun dados nêrpati | turun amba yèn sèdhènga | sampun sêlamêt ing têmbe | turun amba kang wanodya | dadya isining pura | angandika sang aprabu | adhi ingsun atarima ||
44. Alah ingkang anêksèni | yayi turun pêkênira | ing benjang dadya kanthine | turun sun kang madêg nata | lamun ora uninga | tan arja jênêngipun |[80] măngsa bêcik kang nagara ||
45. kang rayi umatur aris | punika sêtya kawula | sang nata nulya ngêdhaton | ginarêbêg ing biyada | asri kang upacara | rawuh sajroning kêdhatun | pinêthuk kang para garwa ||
46. kang panjênêngan nêrpati | wong agung maksih taruna | sêlir kawan dasa kèhe | kalih wêlas kang pangarsa | padminipun satunggal | wadyabala asih suyud | dhatêng kangjêng panêmbahan ||
47. anggung cangkrama sang aji | apêpara lawan garwa | anggêrit sangsam lan banthèng | miwah angabên maesa | danu kalawan sima | angrampog nèng alun-alun | anurunakên
--- [f. 254v] ---
srêngkara ||
63. Dhandhanggula
1. ênêngêna kang ane[81] jro puri | kang kocapa Pangeran Jaraga | kang rayi nênggih sang katong | sinung kamuktèn agung | pan nêgara ing Panaragi | anèng ing Kajaragan | sabupatènipun | mapan dadi gêganjaran | sri nalendra kalangkung gènira asih | mring Pangeran Jaraga ||
2. pan winênangakên karya pêpatih |[82] lan ingiringakên payung bawat | sêkawan gêndhaga lante | nênggih pamongmongipun | Pangran Răngga ing Panaragi | mantrinira sadaya | punika ingitung | Ngabèi Malangsumirang | Dayahita lawan Panji Wirabumi | miwah ingkang lêlurah ||
3. Gêniroga wêstanira[83] nênggih | lawan sira Ki Surănggamarta | Ki Lumaju katigane | Sada sakawanipun | Alahuga kalimanèki | ping nêm Madakawona | Singadarpa pitu | kawalu Bakor wêstanya | kaping songa ingkang awasta Sumêngit | sapuluh Cakrawăngsa ||
4. ingkang sêkawan gêndhaga lampit | pan punika lurahe sêdaya | kang sami alungguh lante | lêlurah patang puluh | ingkang sami alungguh lumping | kapêdhêke akathah | nênggih kalih atus | kajawi lêlurahira | para mantri punika batên kawilis | pangeran wus wibawa ||
5. marmitane sira Sang Dipati | Jayaraga agêng kang wêrdaya | kalimput marang kamuktèn | angrasa lamun purun | amungsuha sri narapati |[84] sang dipati sineba | ing pasowan agung | mantri sadaya nèng ngarsa | lêlurahe sêdaya pêpêk anangkil | dipati angandika ||
6. paman Răngga sira ingsun tari | lan si bapa Wirabumi ika | sêdya manira ing mangke | ingsun arsa amungsuh | mring kangêmas rajèng Mêtawis | mapan sami pinutra | kangêmas lan ingsun | iya paman singa rosa | dadi
--- [f. 255r] ---
nata jumênêng anèng Mêtawis | iku karsa manira ||
7. ciptaning manah kaya kuwawi | ingsun năngga yudane kangêmas | dening ngadu bala bae | Pangeran Răngga matur | yèn kenginga sampun kadyèki | wasiyate kang seda | punika jrih ulun | lawan anggèr kinasihan | kinèn mukti sinungan raja pêpati | luwih lan putra kathah ||
8. jêng pangeran angandika aris | paman Răngga ingsun nora kêna | lamun sira undurake | pan lêlurah samya matur |[85] pan kawula inggih suwawi | angantosi punapa | sampun mangsanipun | wadya paduka akathah | yèn adunên kalawan wadya Mêtawis | sami purun sêdaya ||
9. Pangran Răngga sangêt aturnèki | lan Ki Panji Wirabumi ika | anggêgendholi karsane | mantri sêkawan rêmbug | nanging nora piniarsèki | sigra nuli luwaran | kasaput ing dalu | Pangran Răngga parêmbagan | lan kang rayi Ki Apanji Wirabumi | lawan Malangsumirang ||
10. lan Ki Nayahita datan kari | Pangran Răngga aris dènnya nabda | kadipundi ing rêmbage | yèn awèta tinunggu | jêng pangeran kagêdhèn galih | pasthi sida kang karsa | gènirarsa mungsuh | kang raka sri naranata | nora wurung sira lan ingsun ta yayi | benjing dadi gantungan ||
11. nêdha atur uninga sang aji | sarta ngaturakên pêjah gêsang | kang rayi salah karsane | para mantri arêmbug | sami dandan bubar ing wêngi | mantri ing Kajaragan | jujug ngalun-alun | lêlurahira sadasa | sami pirsa Pangeran Răngga lan Panji | sami tilar mongmongan ||
12. lurah sadaya garjita ngati | pan angrasa lamun kantun dhawak | sami dèn aji dadine | tumulya atut pungkur | ing Pangeran [Pang...]
--- [f. 255v] ---
[...eran] Răngga lan Panji | sampun kumpul sadaya | anèng alun-alun | enjing sang nata sineba | pêpêk kabèh sagung punggawa Mêtawis | miwangh[86] para bupatya ||
13. aningali sang nata waringin | lamun ana têtiyang aseba | andhèr prasamya apepe | angandika sang prabu | gandhèk sira mudhuna aglis | pareksanên wong ika | sapa aranipun | kang dèn pèpèkakên apa | mantri gandhèk sarêng lèngsèr awotsari | lampahe mamêndhapan ||
14. ingkang pepe pinariksa aglis | Wirabumi lawan Pangran Răngga | sampun dhawuh timbalane | Pangeran Răngga matur | ulun atur kang pati urip | ing kangjêng sri nalendra | sangking ajrih ulun | kang rayi salah balila | arsa mungsuh kang raka sri narapati | jêngandika matura ||
15. duta kalih matur sri bupati | yèn kang pepe pun Pangeran Răngga | lan Panji Wirabune |[87] angandika sang prabu | timbalana sakèh pra mantri | Jaragan duta nêmbah | tinimbalan gupuh | prapta dinangu sadaya | aturira yèn kang rayi karsa balik | sang nata langkung duka ||
16. panêmbahan angandika aris | yayi êmas Pringgalaya sira | lumampaha dipun age | lan Si Martalayèku | sakancane mantri panumping | maringa Kajaragan | poma wêkas ingsun | lêlurahe ingkang ala | kêthokana jarahên aja na kari | si adhi lungakêna ||
17. kajabaa nêgara Mêtawis | lan rabine sira ilokêna | sawiji kang tuwa dhewe | marang Pasigit Watu | Pangran Pringgalaya wotsari | Dipati Martalaya | lèngsèr sangking ngayun | syaraning bala gumêrah |
--- [f. 256r] ---
pasar gègèr wong Mêtaram padha tintrim | ucapên kang lumampah ||
18. sampun prapta Kajaragan aglis | jêng pangeran dalême kinêpang | jinarahan kagungane | pangeran kang winuwus | anèng jroning dalêm alinggih | ingayap dening garwa | kang tangis gumuruh | sêsambate amlasarsa | dhuh pangeran wontên punapa ing jawi | syarane wong jêjarah ||
19. sarta kêbêk gêgaman kang baris | kadospundi kangmas polah kula | wong dalêm umyang syarane | dhuh anggèr gustiningsun | kadar apa dosane iki | Pangeran ing Jaraga | kang manah gagêtun | angrasa yèn kasisipan | tan adangu kang ingutus sigra prapti | Pangeran Pringgalaya ||
20. lawan Dipati Martalayèki | sigra mujar Pangran Pringgalaya | dhawuhakên timbalane | andikane sang prabu | kakang êmas kesaha aglis | sangking nagri Mêtaram | mring Masigit Watu | tan kalilan ambêktaa | panakawan amunga garwa satunggil | anuntên lumampaha ||
21. sampun mangkat nênggih sang dipati | ing Jaraga lawan ingkang garwa | amlasarsa ing lampahe | asru dènnya kaduwung | ingkang ngiring wadya Mêtawis | kathahipun sadasa | rumêksa ing ênu | kang garwa tansah karuna | sampun prapta ing Masjid Watu dèn lêbêti |[88] lami ana ing kana ||
22. duk sêmana anulya dèn alih | jêng pangeran ing Nusa Bêrambang | sakidul kilèn pêrnahe | ing Mêtaram kadhatun | ênêngêna ingkang prihatin | ucapên sri nalendra | sineba mantri agung |[89] sêntana para dipatya | atap andhèr punggawa
--- [f. 256v] ---
miwah prajurit | jêjêl ing pagêlaran ||
23. sampun katur lamun ingkang rayi | Pangran Jaraga yèn sampun kesah | amung kang garwa rowange | jêjarahan wus katur | angandika sri narapati | wong Mêtaram sadaya | sira ingkang emut | sakathahe sanak ingwang | dipun emut pitungkase rama syargi | sapa ingkang balika ||
24. nora sêlamêt ingkang pinanggih | pan puniki kaanane ana | kakang êmas ing Dêmake | lan si adhi tan emut | anêmahi kawêlasasih | mantri samya anêmbah | pra sêntana nuhun | angistokkên kang timbalan | samya ajrih pitungkase kang suwargi | ing kangjêng panêmbahan ||
25. angandi[90] sang sri narapati |[91] paman Răngga mangkya pêkênira | muliha mring nêgarane | Panaragan puniku | angrèhêna kang wadya cilik | Pangeran Răngga sigra | nêkêm sirahipun | lèngsèr sangking ing ngajêngan | wus lumampah datan kawarna ing margi | prapta ing Panaragan ||
26. tan kawarna lamine ing mangkin | Jêng Pangeran Mangkubumi ika | nênggih kêkalih putrane | sanunggil ingkang jalu | kinasihan marang nêrpati | jinunjung ligihira | kinarya panèwu | winastanan Adipatya | Sokawati adarbe putra satunggil | awasta Kemas Pethak ||
27. Kemas Pethak wus jinujung linggih | pinaringan Madiyun nagara | Kemas Pethak Dipatine | wus jumênêng ing Madiyun |[92] winênangkên karya pêpati[93] | Pangeran Singasêkar | darbe putra jalu |
--- [f. 257r] ---
Ki Mas Wujil namanira | wus jinunjung nama Arya Wiramantri | pinaringan wong dhomas ||
28. katujon sinungan nêgari |[94] Panaragan Pangran Răngga seda | pangeran ing Juminahe | adarbe putra jalu | apan sampun jinujung linggih | Adipati Balitar | sinungan wong sèwu | Adipati Măndaraka | pan adarbe putra jalu kawan siki | kang sêpuh Wirapraba ||
29. kang panggulu Ki Maduranagri | kang panêngah Ki Mandurarêja | Jurukithing wuragile | ingkang rayi sang prabu | nênggih Pangran Pringgalayèki | putranira satunggal | punika panggulu | wus jinunjung linggihira | nama Radèn Prawirataruna nênggih | sèwu dhomas wongira ||
30. kang panêngah jinunjung linggih |[95] nama Adipati Martasana | mapan akathah kadange | mung kêkalih puniku | kang jinunjung madêg dipati | ênêngêna sêmana | kocapa sang prabu | sampun pêputra lêlima | kawan jalu wanodya ingkang satunggil | putrane sri nalendra ||
31. ingkang tunggil saibu mung katri | Radèn Mas Rangsang lan Ratu Pandhan | Radèn Mamênang arine | iku kang tunggil ibu | dening putra ingkang kêkalih | Radèn Amartapura | iku sanès ibu | mapan andarbèni gêrah | kagingsira[96] dene asakit galih |[97] nanging sakit mêmangsan ||
32. dening putranira kang wuragil | Radèn Cakra ing kêkasihira | tan kawarna ing lamine | jênêngira sang prabu | kalih wêlas warsa ing mangkin | sêmana nulya gêrah | Kêrapyak gènipun | ingayap kang para garwa | para putra [pu...]
--- [f. 257v] ---
[...tra] sêntana sami sumandhing | ing kangjêng panêmbahan ||
33. panêmbahan angandika aris | mring kang raka Pangran Purbaya |[98] kakang andika marene | binibisikan sampun | ing sapungkur manira benjing | anak dika Ki Rangsang | jumênênga ratu | puniku kang mutêr Jawa | aprakosa ratu pilih kang tumandhing | lah kakang poma-poma ||
34. Pangran Pringgalaya winêling |[99] panêmbahan aris angandika | anak isun sakathahe | besuk sapungkur ingsun | aja ana suwalèng kapti | ingkang miwiti ala | aja nêmu ayu | lan sakèhe sanak ingwang | dipun atut ingkang bêcik padha kering | sang nata nulya mapad ||
35. para garwa sarêng dènnya nangis | para putra karuna sadaya | wong dalêm umyang syarane | jroning pura gumuruh | awor udan ariwis-riwis | Gunung Mêrapi obah | suwarane gumêldhug |[100] layon sampun siniraman | wus kinapan sinalatakên tumuli | binêkta mring astana ||
36. wus sinare layon sang aji |[101] sakilène masjid ing Mêtaram | kadagakakên eyange | sakèhe para kaum | maca donga sarwi atakbir | dhikir anulya mêdal | kang tangis gumrumyung | duk sêmana binabadan | sênjata mantri tinatahan ing bumi |[102] ingetang undurira ||
64. Durma
1. Panêmbahan Purubaya nèng paglaran | linggih bangsal pêngrawit | lawan arinira | Pangeran Pringgalaya | panêmbahan lênggah kathil | asru ngandika | mring sakèh wong Mêtawis ||
--- [f. 258r] ---
2. sakathahe wong Mêtaram mirsaknêna[103] | printah manira mangkin | ingsun madêg nata | anèng nagri Mêtaram | iya sapa ingkang wani | mungsuh lan ingwang | têkakêna dèn aglis ||
3. miwah putra kalawan para sêntana | sapa sêdya nyidrani | ingsun mungsuhira | lah mara têkakêna | sakèhe wadya Mêtawis | mring Panêmbahan | Purubaya samya jrih ||
4. atur sêmbah sakathahe wong Mêtaram | para putra tur bêkti | miwah pra sêntana | samya ajrih sadaya | panêmbahan angêjèpi | mring arinira | Pangran Pringgalayèki ||
5. nulya mêndhêk pangeran i Pringgalaya | kang putra dèn parani | Kangjêng Radèn Rangsang | pinondhong mring kang paman | linênggahakên ing kathil | Pangran Purbaya | angapit kanan kèri ||
6. wong Mêtaram prasamya kagèt sadaya | nora nyana kêpati | Pangeran Purbaya | anjungjung ingkang putra | dumadya sangsaya ajrih | wadya Mêtaram | langkung sokur ing Widi ||
7. pra sêntana sadaya nora suwala | pan sami angèstrèni | nêngêna sêksana | lamine tan winarna | sang nata jumênêng aji | anèng Mêtaram | enjing miyos tinangkil ||
8. wadyanira prasamya pêpêk sadaya | miwah para dipati | lan para sêntana | pinisêpuh sadaya | supênuh kang tăndhamantri | Pangeran Arya | lan Pangeran Mangkubumi |[104]|
9. Pangran Singasari Pangran Pringgalaya | lan Dêmang Tanpanangkil | Adipati Balitar |[105] Dipati Têpasana | lan Dipati [Dipa...]
--- [f. 258v] ---
[...ti] Sokawati | Pangran Cangcangan | Mandura parantèki ||
10. sira Arya Suratani ingandikan | Arya mangkata aglis | marang ing bang wetan | kalawan wong Mataram | têkakêna gèn ingsun runtik |[106] lan jênêngana | dènira mangun jurit ||
11. gêgamanmu kabèh padha mêrapita | lan wongira sêpalih | konên anêlaga | barise wong Mêtaram | dadia ingkang jênêngi | yèn nalèwènga | tumbakên sangking wuri ||
12. sira Arya Suratanu[107] amit nêmbah | miwah kang para mantri | samya asanega | ambêciki kang astra | acaos karsaning gusti | ingkang mangku rat | kondur malêbèng puri ||
13. sira Arya mantuk dhatêng dalêmira | ingkang garwa kapanggih | prasamya amapag | sarêng sami alênggah | pêpundhutan wu[108] sumaji | nulya adhahar | Ki Arya ngandika ris ||
14. dipun atut yayi sira asêsanak | ingsun ingutus gusti | kangjêng sri nalendra | kinèn anjênêngana | mantri Mêtaram kang jurit | dèn bisa sira | angawula ing wuri ||
15. akantuna yayi sira ingsun tilar | katiga samya bêkti | lawan putranira | ingkang sun titipêna | mênawa ingsun ngêmasi | kawêlasana | kang dadi woding ati ||
16. samya kapiluh kang para garwa |[109] mulat tejaning laki | asêmu sungkawa | dening sangêt lung jiwa | waspanira andrês mijil | nulya kang garwa | katiga dèn arasi ||
17. alancingan pêthak kampuh jingga măngsa | sabuk pathola wilis [wili...]
--- [f. 259r] ---
[...s] | akris cinitrèng mas | sêngkang maniking toya | rinămpa mas angrawit |[110] sêkar sêlaka | gêgănda mêrbuk wangi ||
18. ênêngêna ingkang tinilar murcita | Ki Arya aglis mijil | pêpêk kang sêntana | miwah kang para putra | Kyai Arya Suratani | ingkang kinarya | senapatining ajurit |[111]|
19. mantri Mataram akathah ingandikan | angiring Suratani | ya ta nulya bubar | mantri Mêtaram sadaya |[112] abaris jawining Taji | wong Jagaraga | Pajang amêgat margi ||
20. kyai dêmang saputra sampun ngandikan | sira nusula aglis | tumulya umangkat | pan kasusul ing Pajang | datan kawarna ing margi | anulya prapta | tapêl watês Kadhiri ||
21. nagri wetan prasamya obah sadaya | amirsa wong Mêtawis | yèn sampun angambah | Kadhiri kang jajahan | dipati wetan acawis | mêpêk gêgaman | samya angati-ati ||
22. Surabaya Garêsik lawan Lamongan | prasamya ngati-ati | pangeran ing Japan | Arya ing Wirasaba | miwah Dipati Kadhiri | Srêngat Balitar | Rawa samya acawis ||
23. ing Kalangbrèt kalawan ing Kartasana | lirna sira dipati | natèng Pasuruan | lawan nêgara Winongan |[113] Lumajang Rênon abaris | nagara Malang | sampun angati-ati ||
24. kawarnaa lampahe wadya Mêtaram | ing Winongan wus prapti | anata gêgaman | pan arsa masanggrahan | sampun amondhok kang baris | samya rêrangkah | kawarnaa ing latri ||
25. Kyai Arya Suratani arêmbagan | lan kang para dipati | Ki Arya angucap | mring Tumênggung Lap-alap | adhi miyanga dèn aglis | marang Lumajang | lawan Rênon nagari ||
26. anggawaa gêndhaga lante sêkawan | wong sèwu lan wong bumi | lan wong
--- [f. 259v] ---
numbakanyar | iku sira gawaa | para dipati samyangling | ing Pasuruan | batên binêdhah dhingin ||
27. amasisan ing karya dawêg binêdhah | wong Pasuruan tintrim | Suratani mujar | manira nora tămpa | kang timbalan sri bupati | inggih manira | tan purun anglangkungi ||
28. lah ta sampun Ki Tumênggung Alap-alap | sira mangkata aglis | Lap-alap wus bubar | bêkta bawat sêkawan | punika sami prajurit | pan tau tatal | bêdhah sakèh nagari ||
29. tan kawarna ing marga pan sampun prapta | ing Lumajang abaris | Dipati Lumajang | lalos bangun raina | wong Mêtaram wus udani | nulya têngara | sêdyane anututi ||
30. sampun bubar sadaya saha sandêran | kacandhak pinggir ardi | anulya tinunjang | wong Lumajang wus bubar | bupatine ngungsi wukir | prajuritira | akathah ingkang mati ||
31. Ki Tumênggung Alap-alap nèng Lumajang | wontên satêngah sasi | risêksana bubar | Ki Tumênggung Alap-alap |[114] datan kawarna ing margi | prapta Winongan | pêpêk para dipati ||
32. Kyai Arya Suratani angandika | sira lajua adhi | marang nagri Malang | ngirida wong Mêtaram | sira ingkang anindhihi | muga mênanga | ambêdhah Malang malih ||
33. Ki Tumênggung Alap-alap sigra budhal | kabèh wadya Mêtawis | anglurug ing Malang | tan kawarna ing marga | prapta kinêpung tumuli | sakilèn kitha | pondhoke wo[115] Mêtawis ||
34. wong ing Malang samya angêkêb ing kutha | nênggih kyai ngabèi | kang aran Tohjiwa | bupatine wong Malang | lalose ing têngah wêngi | atilar bala | mêtu lor inglangi[116] |[117]|
--- [f. 260r] ---
35. mêdal ing Salumbung malayu angetan | maring Karênon aglis | nêngêna sêmana | ya ta wuwusên enjang | wong Mêtaram wus ngrampid |[118] kutha ing Malang | anulya dèn unggahi ||
36. wong Mêtaram sadaya manjing jro kitha | tan ana kang nadhahi | nêgara ing Malang | apan sampun binêdhah | gumuruh syaraning tangis | binayong mêdal | wismane dipun bêsmi ||
37. wus jinarah wong Mêtaram nulya bubar | sangking ing Malang nênggih | sakèhe boyongan | lumampah anèng ngarsa | gumêrah kang bala alit | ngidul angilyan | ing Lawor dèn margani ||
38. sampun mangkat gêgaman mondhok ing Kêndhat | enjing bubar kang baris | wadya ing Mêtaram | ngiringakên boyongan | anulya amondhok malih | ing Tambakbaya | sawetaning Kadhiri ||
39. ênêngêna wadyabala ing Mêtaram | kawarnaa ing mangkin | wong agung bang wetan | samya apagunêman | pan sêdya arsa nututi | mring wong Mêtaram | Pangeran Surawèsthi ||
40. wus putusan marang nêgara Madura | Lamongan lan Garêsik | Sidayu lan Tuban | Lasêm sampun lumampah | padhêkahan sampun prapti | nêgara Japan | pêpêk sakèh prajurit ||
41. ing Madura nênggih Arya Pulangjiwa | ingkang dados têtindhih | atêguh prakosa | apêkik warnanira | bang wetan tan ana tandhing | wani mungsuha | lawan wadya Mêtawis ||
42. Pasuruan Adipati Kapulungan | ingkang nindhihi baris | lan Jayalêlana | gêgaman Surabaya | nênggih Dipati Pêsagi | ingkang lumampah | anindhini prajurit ||
43. wadya Tuban Ki Apatih Jayasănta [Jayasă...]
--- [f. 260v] ---
[...nta] | ika ingkang nindhihi | Sidayu ki dêmang | aran Martagara |[119] Lamongan lawan Garêsik | bupatinira | ingkang nindhihi baris ||
44. Wirasaba kang aran Răngga Pramana | nênggih ingkang nindhihi | pangeran ing Japan | kang dadi Senapatya | wus samya bubar kang baris | amamêlagar | wona dipun abongi ||
45. wong Kadhiri gêgamane nora mêdal | dene sampun dèn brêgi | ngêkêb anèng kitha | nanging sami mêlatar | aprayitna kang prajurit | kang kawarnaa | wong agung ing Mêtawis ||
46. sami kagèt andulu obong-obongan | lor wetan prênahnèki | sigra kajinêman | angaturi uninga | mring Ki Arya Suratani | lamun wong wetan | prasamya anututi ||
47. têtindhihe nenggih pangeran ing Japan | senapati ngajurit | Arya Pulangjiwa | sagamane Madura | lawan Adipati Tubin | ing Surabaya | ingkang angirid baris ||
48. Pasuruan Adipati Kapulungan | lan Răngga Lêlanèki | Ki Răngga Pramana | nênggih ing Wirasaba | Sidayu lawan Garêsik | miwah Lamongan | gêgaman warni-warni ||
49. Kyai Arya Suratani angandika | mring Alap-alap nênggih | adhi yèn mangkana | sakèhe bêboyongan | padha lakokêna dhingin | kalawan sira | ngaturana upêksi ||
50. mring sakèhe pra sêntana ing Mêtaram | Ki Alap-alap aglis | ngaturi uninga | marang para santana | sigra Arya Suratani | nêmbang têngara | obah wadya Mêtawis ||
51. gêgamane pan samya bali sadaya |
--- [f. 261r] ---
marêp mangetan malih | pan sampun atata | gêgaman sigra mara | abaris kilèning kali | Pangeran Pajang | dadi pangawat kèri ||
52. Adipati Martalaya lan Mandura | Upasănta puniki | lan sakancanira | wong panumping sadaya | dadya pangawat kang kèri | para sêntana | pangawat kanan sami ||
53. sampun prapta gêgaman wetan sadaya | baris wetaning kali | pan arsa angrêbat | wong Malang wong Lumajang | kang binayong wong Mêtawis | sampun atata | datan purun nabrangi ||
54. babêdhilan arame tantang-tinatang[120] | kalawan wong Mêtawis | asru asêsumbar | hèh bala ing bang wetan | anabranga yèn prajurit | sira rêbuta | èstri kang sun bayongi ||
55. anauri wadyabala ing bang wetan | payo wong ing Mêtawis | jare sira lanang | lah mara anabranga | saèstu dudu prajurit | yèn nora nabrang | wong Mêtaram myarsèki ||
56. Ki Ngabèi Katawêngan panasbaran [pana...]
--- [f. 261v] ---
Sah lan babon Setrawijaya
[...]
--- [f. 262r][121] ---
[...sbaran] | matur mring Suratani | punapa wasana | yèn amunga mangkana | dene ta mêmanas ati | kiyai nêdha | samya anabrang kali ||
57. Kyai Arya Suratani angandika | lah iya dipun aglis | sira undhangana | sakèhe wong Mataram | jugrugana ingkang kali | sakèh jêjurang | prasamya dèn urugi ||
58. atêngara Kyai Arya sigra mangsah | karsa nabrang ing kali | sakèhe wong wetan | prajurite uninga | wong Mêntaram anabrangi | anolya mara | prata pigire kali ||
59. wong Mataram pangarsane sampun prapta | pigir wetaning kali | anolya pinapag | sinasog ganjur atap | kinarutug dening bêdhil | tan olèh papan | barise wong Matawis ||
60. karepotan kasêlêk jêro kang toya | Kali Andaka banjir | wong kilèn kèh pêjah | kasilêpan ing toya | Kyai Arya Suratani | lan Katawêngan | Ki Panji Wirabumi ||
61. aningali wong Mataram kasayahan | sigra gêbyur ing kali | saha balanira | Tumêgung[122] Jagabaya | wus prapta sabranging kali | pan katadhahan | binedrong[123] dening bêdhil ||
62. nora mundur prajurite wong Mataram | tinalarong ing lêmbing | sarwi binrangkolang | suligi kadi udan | pêtêng kukuse kang bêdhil | suraknya umyang | kadya rubuh kang langit ||
--- [f. 262v] ---
63. lindhu awor kang wadyabala kèh pêjah | karepotan ing warih | nanging wong Mataram | nora saya mirisa | dènira angukih jurit | arêbut papan | wong wetan angukuhi ||
64. wong Mêntaram sinasog ing ganjur atap | kasilêm ing jro kali | kathah ingkang pêjah | prajurit ingkang kabranan |[124] arame dènira jurit | wadya bang wetan | sangsaya nêsêg wani ||
65. Kali Andaka tatkalanya sêmona | toyane mili gêtih | labêt kèh kabranan | awor gêtihing kuda | Kyai Arya Suratani | sampun palastra | anèng sajroni[125] kali ||
66. Ki Ngabèi Katawêngan sampun pêjah | Ki Panji Wirabumi | punika kabranan | Tumêgung Jagabaya | mapan sampun nandhang kanin | gêgaman etan | undure dèn bêdhili ||
67. sêkathahe para sêntona Mêntaram | prasamya ambêdhili | sangking ing pinggiran | lawan pangawat kiwa | wong wetan kaburu mimis | prajuritira | lumampah anèng wingking ||
68. Kyai Arya Pulangjiwa ing Mandura | undure dèn payungi | nênggih kartas pêthak | sarwi amalang kadhak | Ki Arya angucap aris | nora si endah | prajuriting Mêntawis ||
69. nora năngga maring Arya Pulangjiwa | bèbèt Jaranpanolih [Jaran...]
--- [f. 263r] ---
[...panolih] | prajurit sadaya | kang wetan pinayungan | asuka dènira jurit | prapta Pakuyyan | nolya kasaput wêngi ||
70. jisimira Kyai Arya ginogonan | dening bala Mêntawis | kulawarganira | sarêng mati sadaya | mayitnya susun atindhih | dangu ngulatan | jisim nora kapanggih ||
71. sakathahe jisim sami winalikan | sigra nolya kapanggih | jisime Ki Arya | anuli binandhusa | para sêntana Mêntawis | aparêmbagan | sakèh para dipati ||
72. Panêmbahan Purubaya angandika | dhatêng para dipati | nêdha rêmbut[126] papan | anabrang ing bêngawan | abarisa wetan kali | ing palabuhan | angantêp ing ajurit ||
73. Sang Dipati Pugêr ature asugal | kakangmas Purbayèki | dene sêsaguhan | taliti ing Mêntaram | amiliha papan bêcik | têngahe ngrana | kados dede prajurit ||
74. yèn kalakon sampeyan apilih papan | katingal wêdi mati | sampeyan atilar | musuh mêsih adêgan | Pangran Pringgalaya angling | mendah wong wetan | dene lèngsêm-èsêmi[127] ||
75. saya gêdhe atine prajurit wetan | ya ta para dipati | Mêntaram sadaya | rêmbag kadya mangkana | panêmbahan
--- [f. 263v] ---
sigra angling | iku sun arah | sanggupira pribadi ||
76. pan wus rêmbaga sakèhe para dipatya |[128] enjing amêpêk baris | sigra atêngara | gêgaman warna-warna | sakèhe para prajurit | anolya nabrang | prapta wetaning kali ||
77. wong bang wetan lagya anata gêgaman | kagyat samya ningali | lamun wong Mêntaram | sampun nabrang mangetan | nêmbang têngara tinitir | sigra narajang | sampun campuh kang jurit ||
78. ramening prang kadya obak[129] nêmpungh[130] karang | lir rubuh ingkang langit | syaraning wong surak | myang syaraning sanjata | anglir gêlap sèwu muni | dhatêng payudan | pêtêng dhêdhêt lir wêngi ||
79. sakathahe para santana Mantaram | miwah sagung prajurit | mangsah ing ranaga[131] | angawaki sadaya | kumêrab wadya Mêntawis | ngamuk manêngah | lir banthèng tawan kanin ||
80. ramening prang wong ing wetan kathah pêjah | tanapi ingkang kanin | prajurit Mêntaram | pan anuduk anigas | wong bang wetan mawur gisis | agiris mulat | kang mundur nandhang kanin ||
81. wong bang wetan angrasa ajrih mundura | lan pêpacuhing gusti | bang wetan sadaya | mila angantêp yuda | nanging tan nora kawawi | sami anglela | sakèh para prajurit ||
82. Arya Pulangjiwa têtindhih Mandura | Ki Jalaga Jakarti | wong
--- [f. 264r] ---
sangking Mandura | asuwita ing Japan | ing mangke sampun akait | lan Pulangjiwa | samya prawirèng jurit ||
83. yèn katiban mimis sajêruk samaja | kadya dipun cêcêki | Arya Pulangjiwa | maksih amalang kadhag[132] | anèng rana tan gumingsir | sarya kinêpang | dening wadya Mêntawis ||
84. adipati ing Pajang ika uninga | mring Pulangjiwa aglis | dènira tumêddhag[133] | Dipati Tambakbaya | sanjatanira cinangking | mimis kancana | sigra amarêpêki ||
85. wus sidipat[134] Kyai Arya Pulangjiwa | kêna pucuking alis | mijil netranira | kagyat sira ajola | yèn garayang kang pangaksi | yèn dadi cacad | Ki Arya sigra angling ||
86. hèh ta bocah kêlamun ingsun uripa | netraningsun puniki | apa nora cacad | kang wadya aturira | inggih kalangkung puniki | dening acacad | netra andika mijil ||
87. Arya Pulangjiwa sru dènira ngucap | ingsun palaur mati | yèn kongsi cacada | bocah gamêl dèn inggal | kuda ambên kinèn[135] ningsêti |[136] wus siningsêtan | anolya dèn titihi ||
88. anyamêdthi[137] kuda Arya Pulangjiwa | ngêmbat watang kumitir | sarya asêsumbar | iya iki rupanya | bèbète Jaranpanolih | sangking Mandura | lah rêpbutên[138] ing jurit ||
89. sarêng mangsah sabalane Pulangjiwa | Ki Jalaga Jakarti | sampun anêrajang | bupatine wong wetan | sadya angantêp ing jurit | Pangeran Japan | têngaranya tinitir ||
90. sarêng mangsah prajurit wetan sadaya | prajuriting Mêntawis | sigra anêrajang | miwah para sêntona | kapanggih padha prajurit | surak gumêrah | lir obah kang pratiwi ||
91. wong bang wetan lir sulung lêbu dahana | kang mundur tawan kanin | Arya Pulangjiwa | pangamuke lir yaksa | balane sadaya mati | kantun wong tiga | Ki
--- [f. 264v] ---
Jalaga Jakarti ||
92. dipun sasog ganjur mring wadya Mêtaram | nanging nora gumingsir | Jakarti Jalaga | mapan sampun malayya | Arya Pulangjiwa kari | sigra kinêpang | ginitikan ing bêdhil ||
93. ya ta pira kuwate Ki Pulangjiwa | nadyan balunga wêsi | sungsuma gêgala | kinarubut ngakathah | pira kuwate wong siji | pan ginêbugan | Pulangjiwa ngêmasi ||
94. wus tinigas mustakaning Pulangjiwa | wong bang wetan ningali | lir wancak tinêbah | bupatine sadaya | wong Mêntaram anututi | kathah kacandhak | prajurit angêmasi ||
95. Adipati Kapulungan Pasêdhahan | wus amalik kulambi | pan atilar kuda | tumbakipun binuwang | mêlayu kacènthèl ngêri | abiyang-biyang | sarwi kapesing-pesing ||
96. sira Adipati Gêndhing Surabaya | anusup gêbyur kali | angèli bêngawan | kuda waos tinilar | sêsambate andrawili | nora koyoa | lêlakon apa iki ||
97. sok pêranga kaburu nora atata | dhuh bojo aku mati | aramon gêbogan | adangu galagêpan | kabêntus-bêntus ing curi | sarwi tigapar | datan nyona yèn urip ||
98. Pangran Japan palayune bêboncengan | lan sêlire sawiji | kagubêd ri tanjang | tumurun tilar kuda | tigapare andharidhit | angudubilah | astahpirolah halngalim |[139]|
99. sirna larut gêgamane wong bang wetan | prajurit akèh mati | sami kinêthokan | sakathahe prawira | wong Mêntaram jêjarahi | sarta ambandhang | pênganggo tumbak kêris ||
100. sarêng enjing pangeran ing Purubaya | nêmbang têngara aglis | gêgaman wus bubar | mundur dhatêng Mêntaram | gumêrah syaraning jalmi | para prawira | lumampah anèng wiking ||
--- [f. 265r] ---
101. Kyai Dêmang Jasupănta nolya inggal | lumampah andhingini | pan kinarya tingal | mring kangjêng sri nalendra | sêdyane atur upêksi | agêgancangan | wus prapta ing Mêntawis ||
102. sri naledra pinarêk ing pagêlaran | pêpêk mantri kang nangkil | Jasupănta prapta | ing ngarsane sang nata | Jasupănta awotsari | atur uninga | yèn Suratani mati ||
103. abdi dalêm Katawêngan inggih pêjah | pun Panji Wirabumi | punika kabranan | Tumênggung Jagabaya | ing mangke gusti akanin | wadya Mêntaram | kathah pêjah ing warih ||
104. nanging mêsah dalêm wadya wetan sirna | Pulangjiwa ngêmasi | prajurit kèh pêjah | gusti uwa panduka | lawan santana sang aji | kang mangku yuda | mila lanang kang jurit ||
105. sampun bubar abdi dalêm ing Mêntaram | ulun tilar ing marga |[140] têlas aturira | purwa praptèng wêsana | angandika sri bupati | pan ora nyana | Si Suratani mati ||
106. salawase durung wêruh kang sudira | myang Katawêngan uni | kangjêng sri nalendra | yuyunên ingkang tuwa | miwah kang santona sami | dèrèng ngadhatyan | sri nata ing Mêntawis ||
65. Sinom
1. nênggih ingkang kawarnaa | kang sangking andon ajurit | wus prapta nagri Mêntaram | lajêng saos ing nrêpati | sadaya awotsari | punggawa para tumênggung | Pangeran Purubaya | sigra matur mring sang aji | pan kawula sang nata ngaturkên tiwas ||
2. dening abdi kathah pêjah | pra bupati samya kanin | punika atur kawula | punapa karsa nrêpati | sang nata ngandika ris | uwa punapa [pu...]
--- [f. 265v] ---
[...napa] winuwus | sampun karsaning Sukma | sok pênêda ingkang kari | sri naledra anggêganjar dhatêng wadya ||
3. mantri Mêntaram wêrata | miwah kang para bupati | lirna kang para santana | ginanjar sampun waradin | sigra sri narapati | jêngkar kondur angêdhatun | wadya bubar sadaya | pinêthuk rabining rèki | sakèh èstri ana suka ana duka ||
4. datan kawarna laminya | satêngah warsa ing mangkin | kocapa sri naranata | ing dina Soma tinangkil | pêpêk kang para mantri | dipati santananipun | Pangeran Purubaya | kalawan kang rayi-rayi | Adipati Martalaya mugèng ngarsa ||
5. sri nalendra angandika | mring sakèh para bupati | wong Mêntaram asaosa | sadadananing ajurit | ingsun arsa nindaki | mring Wirasaba sun gêmpur | Dipati Martalaya | unjuk atur ing nêrpati | sintên ingkang pinatah angirid lampah ||
6. ecane manah kawula | angandika sri bupati | Adipati Martalaya | ingsun tumindak pribadi | jênêngi ing ajurit | Martalaya sigra matur | yèn suwawi ing karsa | sampun panduka nindaki | ngamungêna punggawa para santana ||
7. pangeran ing Purubaya | matur dhatêng sri bupati | yèng kenging atur kawula | sampun tumindak pribadi | dening para bupati | ing Mêtaram samya purun | ingkang para santana | akathah prasamya mukti | dahat eman yèn panduka nindakana ||
8. mantri asaur kukila | matur yèn botên suwawi | sri nalêndra nindakana | pintên gênge kang nagari | Wirasaba acili | kang wadya
--- [f. 266r] ---
sadaya purun | Dipati Martalaya | ature awanti-wanti | pan kawula nuhun gusti lampahnyêna[141] ||
9. sri naledra angandika | ki raka tarima ugi | sangking palimarmanira | sangking sun karsa udani | tingkahira ing jurit | manira akarsa wêruh | sira undhang-undhanga | sakèhe para dipati | lamun ingsun ing sawuwulan[142] iki budhal |[143]|
10. para mantri abusêkan | samya dandan ing ajurit | miwah kang para santana | aluwaran sri bupati | malêbêt ing jro puri | ingiring wong dalêm agung | sarimpi lan bêdhaya | wadyabala bubar mulih | myang punggawa bupati lawan satriya ||
11. Adipati Martalaya | utusan sakèh nagari | kinèn sami asadhiya | yèn sri naledra nindaki | Wirasaba ginitik | ing Pathi sinungan wêruh | Dêmak lan Kalinyamat | ing Pajang lan Saosragi | sakathahe nagara sami adadan ||
12. Madiyun lan Panaragan | sadaya kinèn acawis | anolya praptèng sêmaya | nagara lor sampun prapti | wus pêpêk nèng Mêntawis | sêmana sampun akumpul | Kêdhu Pagêlèn prapta | miwah wadya ing Mêtawis | miwah para dipati sampun sanega ||
13. gêgaman prasamya tata | ing alun-alun Mêntawis | ambèr anglembak ing pasar | lêlurung kêbêk kang baris | tinon lir wukir sari | gandera lawan lêlayu | umbul-umbul kumêlab | sakèhe para dipati | samya andhèr ing alun-alun atata ||
14. wêrnanên sajroning pura | kangjêng sang sri narapati | angrasuk kaprajuritan | amakutha binuka sri | angagêm rasukan adi |[144]
--- [f. 266v] ---
baludru rinenda murub | pamêkêk cindhe sêkar | anyamping kamboja wilis | alancingan baludru cêmêng rinêngga ||
15. sigra miyos ing paseban | wong magêrsari mêrapit | kapêdhêk pêpêk sadaya | kang wadya gêndhong wuwus cawis |[145] mugèng wuri nêrpati | sampun pinarêk sang prabu | witana pagêlaran | angandika sri bupati | Adipati Martalaya bubarêna ||
16. ya ta nabuh kang têngara | măncanagara pasisir | gêgamane sampun bubar | warnane lir gunung gêni | nolya gêgaman bumi | numbakanyar lan wong nèwu | nolya bala panêkar | punika ingkang nambungi | Adipati Martalaya wus lumampah ||
17. sri nalêdra nolya budhal | rêspati anitih èsthi | wong magêrsari gakêpang[146] | tawok tamèng pêdhang lêmbing | kalawan saragêni | priyataka anèng ngayun | asikêp waos sulam | para santona ing wuri | miwah ingkang pinisêpuh anèng wuntat ||
18. datan kawarna ing marga | prapta Madiyun kang baris | wong Panaragan amapag | wus anugal ingkang baris | ênangêna[147] rumiyin | wong wetan ingkang kawuwus | samya obah sadaya | Wirasaba tur upaksi | mring pangeran dipati ing Surabaya ||
19. sigra nolya aputusan | marang sakèhe nagari | Sidayu kalawan Tuban | Lamongan lawan Garêsik | Madura Arisbanggi | Sampang Sumênêp tan kantun | Balega Pakacangan | Pasuruan dèn utusi | pan sadaya punika sami urunan ||
20. Dipati Tuban [Tuba...]
--- [f. 267r] ---
[...n] wus bubar | ingkang lumampah pribadi | wus anumpak ing baita | dene kang bala sêpalih | lumampah darat sami | wus prapta surabayèku | ênangêna saksana | kocapa rajèng Mêntawis | lampahira wus prapta ing Wirasaba ||
21. masanggrahan kilèn kitha | winastan i Rajadadi | angêbêki ara-ara | wana rêgêd dèn babadi | lêbak gêgunung radin | ingambah gêgaman agung | wadya pamondhokan |[148] sigêgên wadya Mêntawis | kawarnaa kang bantu mring Wirasaba ||
22. masanggrahan kilèn kitha | winastan ing Rajadadi | anglêbêki[149] ara-ara | wana rêgêd dèn babadi | lêbag[150] gêgunung radin | ingambah gêgaman agung | wadya pamondhokan |[151] sigêgên wadya Mêntawis | kawarnaa kang bantu mring Wirasaba ||[152]
23. wong Japan wong Pasuruan | miwah kang wadya Kadhiri | kabèh prasamya siyaga | nanging kang maksih inganti | Pangeran Surawèsthi | punika kang dèrèng rawuh | samangsane yèn prapta | sakèhe para dipati | ingkang wetan punika mêdal sadaya ||
24. pangeran ing Surabaya | samya mangkata tumuli | Dipati Tuban ingajak | nanging tan purun nulungi | mila èwêd kang galih | kinèn mantuk datan purun | amondhok anèng pasar | sagêgamannya ngêbêki | adipati ing Surabaya kèmêngan ||
25. karsane nolya tumindak | tan eca tilar nagari | wong Tuban nèng Surabaya |
--- [f. 267v] ---
dadya nora anulungi | marang Wirasabèki | gêgaman ing Surèngkewuh | mangke ajêng-ajêngan | kalawan gêgaman Tubin | milanipun wong wetan norana tandang ||
26. kocapa ing Wirasaba | ingkang jumênêng dipati | awasta Pangeran Arya | anênggih dèrèng akrami | warnanira apêkik | umure sadasa taun | nanging taksih riyalat | ing ngèlmu sampun winasis | pêpatihe awasta Răngga Pramana ||
27. nanging ina lêlampahan | lumpuh digjaya linuwih | ing bang wetan tanpa sama | têguhe anglêliwati | yèn angidêri biting | Răngga Pramana tinandhu | bantu sangking Madura | gêgaman sèwu wus manjing | wingi dalu lêbête marang ing kitha ||
28. dipati ing Surabaya | utusan bantoni jurit | Rănggalawe kang lumampah | gêgaman sèwu angiring | nanging datan baribin | wong ing Tuban nora wêruh | wus prapta Wirasaba | têngah dalu lêbêtnèki | manjing kitha mêdal sangking wêwingkingan ||
66. Pangkur
1. sigêgên sajroning kitha | kang kocapa sang prabu ing Mêntawis | nibali[153] punggawanipun | lawan para santona | miwah para bupati andhèr ing ngayun | sri naledra angandika | mring sakèh para dipati ||
2. Adipati Martalaya | lan sakèhe para santana sami | ngrasa tiwas têmên ingsun | dene ta uwis lawas | ing lakuku kaliwat wirang satuwuh | wong cili akèh
--- [f. 268r] ---
kang rusak | padha kaparag gêgêring ||
3. dening mêngko karsaningwang | sun unduri ing Wirasaba iki | nora sida ingsun gêmpur | sarwi mèngsêm sang nata | Adipati Martalaya awotsantun | gusti anuwun kawula | yèn mundura gèn ajurit ||
4. abdi dalêm ing Mêntaram | mêksih wêtah dèrèng wontên kang busik | para mantri saur manuk | yèn panduka kondura | dene ngeman sih panduka ingkang dhawuh | yèn tan bêdhah Wirasaba | tan pantês aluguh lampit ||
5. pangeran ing Purubaya | angandika hèh Ki Arya Martalayèki |[154] aja kakehan calathu | anêdha tinandangan | pra dipati sadaya anolya mundur | sigra anata gêgaman | prajurit sampun miranti ||
6. ing Wirasaba kinêpang | Adipati Martalaya abaris | kilèn kitha rowangipun | Adipati Santênan | lawan wadya panumping sadaya kumpul | Jêng Pangeran Purubaya | loring kitha dènnya baris ||
7. lan ari Pangran Juminah | myang Pangeran Têpasana tan kari | pangeran ing Pugêr kumpul | Pangeran Pringgalaya | lan Pangeran Arya Wiramanggalèku | pangeran ing Singasêkar | lan Pangeran Mangkubumi ||
8. kang wetan para wêdana | numbakanyar sèwu kalawan bumi | Pajang Jagaraga ngêpung | Dêmak samya nèng wetan | gaman dalêm maksih anèng ênggènipun | sri naledra datan [da...]
--- [f. 268v] ---
[...tan] obah | maksih anèng Rajadadi ||
9. wong Wirasaba malatar | sarwi ngagêm sêjata[155] tawok lêmbing | brangkolang gêgutuk watu | suligi lan gêranggang | tubak ganjur amayungi anèng pungkur | Kiyai Răngga Pramana | tinadhu[156] ngidêri biting ||
10. wadya Mêtaram nêrajang | sampun parêk ing kutha abêddhili[157] | pan sarêng mara anêmpuh | nanging datan kangkat |[158] sangking kandêling kutha lawan aluhur | wong Mêtaram dadi lesan | kinarutug sangking ngigil ||
11. kinathahan ing sinapan | linêmbingan tawok lawan suligi | surak suwarane gumuruh |[159] gêranggang kadi udan | wong Mêtaram undure kathah ingkang tatu |[160] kasaput dalu sêmana | mundur kabèh ingkang baris ||
12. Martalaya angandikan[161] | lan sakèhe sêntona ing Mêtawis | andhèr ngarsane sang prabu | sang nata angandika | kayaparan karsanira kabèh iku | wong Mêtaram akèh pêpjah[162] | asadya isun unduri ||
13. Dipati Pathi tur sêmbah | yèn paduka ngundurana kang jurit | kawula wirang andulu | mring sapadha tumitah | Jêng Pangeran Purubaya aris matur | mugi anggèr antosêna | wontên daya ulun malih ||
14. sri nalêndra angandika | inggih nêdha yèn wontên daya malih | manirantos tigang dalu | punggawa atur sêmbah | sampun bubar sangking ngarsane sang prabu | Adipati Martalaya | wus amor lawan pakathik [pakathi...]
--- [f. 269r] ---
[...k] ||
15. wontên pakathik angucap | kaya ngapa sakèh para dipati | ambêdhah kutha tan butul | iki lamun inyonga | tinotol lan kutha iki mring galugu | sun watara kaya bêdhah | kang sawênèh ana angling ||
16. yèn manira iki boya | sinasakan sapêndhuwur abêcik | kinarya dalan angamuk | wênèh ana angucap | pan ginangsir sangking ngandhap kutha iku | Adipati Martalaya | miyarsa garjitèng ihi[163] ||
17. mundur sigra undhang-undhang | mring sakèhe bupati ing Mêtawis | wênèh kinon mèk galugu | wênèh agawe sasag | kang sawênèh padha nyêkêl linggis pacul | sawênèh agawe dhadhan | dadanan sampun cumawis ||
18. sarêng enjing atêngara | sigra mangsah gêgamane Mêntawis | suraking wadya gumuruh | sampun angrêmpat[164] kitha | wong ing Wirasaba prayitna ing kewuh | sigra muni ikang tinggar | kalataka dèn sulêdi ||
19. syaraning surak sauran | pan gumuruh awor syarani[165] bêdhil | lir pendah kang gunung guntur | wong Mêtaram wus prapta | sasakira tinumpangkên kutha sampun | nulya ngrangkul ingunggahan | acampuh ing balowarti ||
20. ginangsir kutha kang ngandhap | sarêng bêdhah nolya inguthik kêris | sawênèh pacul-pinacul | wênèh anatol[166] kutha | sarêng rubuh nolya mugah salin suduk | nanging ta
--- [f. 269v] ---
kakehan lawan | wong Wirasaba kalindhih ||
21. Adipati Martalaya | lan Dipati Pathi ngrangsang rumiyin | prajurit sampun malêbu | miwah para santona | wadyabala Mêtaram samya anggêrgut | angamuk sajroning kutha | Răngga Pramana wus kêni ||
22. tinigas mastakanira | prajurite Wirasaba kèh mati | wadyabala tan winuwus | tumpês sajroning kitha | Adipati Wirasaba wus tinubruk | binasta ing cidhe[167] kêmbang | wong dalêm umyang kang tangis ||
23. rajabrana jinarahan | pawèstrine sadaya dèn bayongi | wadya Mêtaram wus mundur | prapta ing pasanggrahan | angaturi uninga dhatêng sang prabu | yèn Dipati Wirasaba | sampun anyandhang têtali ||
24. miwah ingkang rajabrana | saisine ing pura katur sang aji |[168] tanapi boyonganipun | sri nata langkung suka | ingandikan punggawa prapta ing ngayun | myang Dipati Wirasaba | wadya andhèr anèng mijil ||
67. Mijil
1. sri nalendra pinarak ing kathil | sineba punang wong | Adipati Martalaya ture | tumiba gusti pun Dipati |[169] Wirasaba nênggih | katur ing pukulun ||
2. sri nalendra angandika aris | kulup anak ingong | ing mêngko kayaparan karsane | apa sira nyawa arêp urip | apa arêp mati | Wirasaba matur ||
3. kawula datan darbe karsèki | sumăngga sang katong | kawon pêrang pinatèn ukumi |[170] mugi kawula dipun patèni | tan sotah ningali | sapadha [sapa...]
--- [f. 270r] ---
[...dha] tumuwuh ||
4. sri nalendra angandika aris | datan karsa ingong | amatènana sira ing mangke | isun gawa mulih ing Mêntawis | sun karya sirèki | putra ngong pambayun ||
5. Dipati Wirasaba turnya ris | anuhun sang katong | lamun ulun ingakên putrane | datan ande[171] yèn ta maksih urip | kawula ing benjing | malês ing sang prabu ||
6. angandika sang sri narapati | tan ana ing ingong | sira lumuh ginawe bêcike | Martalaya ngaturkên kang jisim | Răngga Pramanèki | lan mastakanipun ||
7. lah pêdhêmên[172] jisim dèn aglis |[173] lan mastakanya wong | lan wèhana kêkitir unine | yèn Ki Răngga Pramana kang mati | dimok dèn bêciki | mring nak putunipun ||
8. sasampune pinêtêk kang jisim | ngandika sang katong | Martalaya têngaraa age | ingsun kondur marang ing Mêntawis | lawan si dipati | sira kon anundhung ||
9. tinêngaran obah wong Mêtawis | budhal sang akatong | baboyongan rumiyin lampahe | para prajurit prayitna wisthi[174] | lumampah ing wiking | têbih lan sang prabu ||
10. sri naledra awahana isthi | ginarêbêk punang wong |[175] gêgaman dalêm tata lampahe | para pangeran samya marapit | rawuh ing Mêtawis | kangjêng sang aprabu ||
11. samya suka kang wadya gêng alit | lanang lawan wadon | ananonton ing gusti rawuhe | sri nalêndra pinarêk Sitigil | punggawa lan mantri | ginanjar sêdarum ||
--- [f. 270v] ---
12. wis warata kangjêng sri bupati | kondur angêdhaton | datan kawarnaa lamine |[176] Adipati Wirasaba uni | sampun dèn patèni | pêjahe linabuh ||
13. ênêngna nagara Mêntawis |[177] gantya winiraos | kawarnaa Dipati Tubane | tatkalanira sagi[178] tinangkil | ing wadyane rèki | myang pêpatihipun ||
14. ingkang aran Jayasănta nênggih | sangêt aturnya wong | pan akêdah tumindaka mangko |[179] anglurug dhatêng ing têpis wiring | kang tumut Mêntawis | santuk-antukipun ||
15. Adipati Tuban anglisani[180] | wus pêpêk punang wong | pan nagara ing wetan rowange | sigra bubar Ki Ki Jasănta aglis |[181] sabalane ngiring | wong wetan abantu ||
16. pan nagara Jipang dèn lampahi | Wirasari kang wong | maksih dening dene bupatine | ingkang aran Wirakusumèki | wus sinungan paksi | yèn wong wetan rawuh ||
17. karsanira anglawan jurit |[182] tan kawawa kang wong | dadya lalos angidul angilèn | sêdyanira dhatêng ing Mêtawis | ngaturi upêksi | yèn dhatêngan musuh ||
18. Kyai Patih Jayasănta prapti | Wirasari tinon | sampun suwung ing jro nagarane | Ki Jasănta asuka kapati | nagara ing Pathi | ngambah karsanipun ||
19. wadya Jipang samya dèn bayongi | sigra lajêng ngulon | datan ana kang malang karsane | sampun prapta nagara ing Pathi | nanging tan kawawi | Jasănta agêpuk[183] ||
20. padêdesan ingkang
--- [f. 271r] ---
dèn jarahi | angili ponang wong | kidul kitha Jasănta pondhoke | Adipati Pathi tan miyosi | pinriha wani |[184] wong wetan alaju ||
21. Angabèi Wirakusumèki | umatur sang katong | yèn wong wetan ngambah nagarane | wong cili Jipang dipun bayongi | lajêng dhatêng Pathi | mêsah wetan sampun ||
22. Ki Tumênggung Alap-alap tinuding |[185] ing jêng sang akatong | sampun bubar lan sagêgamane | Jayasănta samana wus mulih | undurira aglis | kadi wong kaburu ||
23. Ki Tumênggung Alap-alap prapti | langkung cuwanya wong | sigra mantuk Lap-alap age |[186] sampun prapta nagari Mêntawis | nêngêna rumiyin | sri natèng Mêntarum ||[187]
68. Sinom
1. nagari ing Surabaya | ingkang kocapa ing mangkin | pangeran ing Surabaya | samana lagya tinakil[188] | sakathahe dipati | bang wetan sami kêkumpul | tansah apagunêman | anèng nagri Surawèsthi | sang dingpati[189] ing Japan nèng Surabaya ||
2. Lumajang lan Pasuruan | ing Malang lawan Kadhiri | ing Rawa Balitar Srêngat | Kalangbrèt Kartasanèki | pêpêk nèng Surawèsthi | nagara salirèng banyu | Sampang lawan Balega | Pakacangan Irisbanggi | ing Samênêp lawan Dipati Mandura ||
3. wus prapta ing Surabaya | nagara kilèn kawarni | ing Lasêm kalawan Tuban | Sidayu kang nora prapti | mapan sampun ajangji | dèn dalanana ing besuk | Dipati Surabaya | pangandikanira aris | sakathahe sanak manira sadaya ||
4. andika manira undang | anglurugi ing Mêntawis | ing mangke sampun [sampu...]
--- [f. 271v] ---
[...n] amăngsa | nênggih dipati ing Tubin | mapan sampun akait | lan ing Pajang sagupipun | lan nagara Mêtaram | yèn tan sinirêp samangkin | wong Mêtaram sadaya angămbra-ămbra ||
5. para bupati bang wetan | arêmbag suka ing ati | dening wus kapadhan karsa | anggêcêka ing Mêtawis | tumulya ingkang baris | binubarakên sêdarum | lumampah mring Mêtaram | para bupati nèd nampiri[190] |[191] dhatêng Giri nuhun idi panêmbahan ||
6. sarta ngujung astana |[192] wus prapta ing Giri Èsthi | samya angunjung[193] sadaya | sigra kang para dipati | dhatêng marêk kang yogi | nênggih Panêmbahan Gunung | Susunan Kawisguwa | ngandika apa karsèki | anak putuningsun bupati sêdaya ||
7. pangeran ing Surabaya | lan sagung para bupati | samya matur awotsêkar | kawula anuwun idi | ing panduka sang yagi[194] | kawula ayun anglurug | dhatêng nagri Mêtaram | idi paduka kapundhi | lawan nagri wetan lumamampah sadaya |[195]|
8. ngandika Susunan Ngarga | măngsa boronga sirèki | lah bok têka linampahan | Alah gêlar dening yêkti | sigra para dipati | atur sêmbah ngaras suku | lèngsèr sangking ngajêngan | sakèhe para dipati | anitihi gêgamane sowang-sowang ||
9. sami arêrêb sadaya | sakèhe para bupati | sêmana lagya sêseban | angraosi marga radin | pundi kang dèn margani |
--- [f. 272r] ---
kang layak kambah wong agung | dadya para bupatya | kajinêman dèn timbali | prapta ngarsa adipati angandika ||
10. marmane sira sun undang | ing ngêndi marga kang radin | kang layak kambah gêgaman | lawan ingkang murah pari | kajinêman wotsari | kabèh prasamya umatur | botên wontên kang layak | amung Madiyun kang margi | pan arata ajêmbar murah pinangan ||
11. pangraos kawula kawrat | kaambaha dening baris | najan rêrêba sawulan | măngsa kiranga kang bukti | anjagi[196] Jagaragi | punika langkung apatut | papanipun awiyar | benjing têmpuhing kang jurit | wadyabala ing wetan wus angsal papan ||
12. wontên kawula Mêtaram | asuwita anèng Tubin | lamine wus kawan warsa | Ki Randhuwata[197] rannèki | anèng Dipati Tubin | kalangkung dènira antuk | sira Dipati Tuban | kalintang dènira asih | mring Ki Randhu ikidhêp[198] saaturira ||
13. Ki Randhuwatang miyarsa | saature ponang têlik | kalangkung dènira maras | kèdhêpa aturing têlik | bênêr saaturèki | yèn sida mêtu Madiyun | dening sun wis ajajah | wadya Mataram akêdhik | wong bang wetan akathah tur olèh papan ||
14. pasthi kalah wong Mataram | kapindhone kang nagari | sêkawan têmahan ilang | dadya Ki Randhu binisik | dhatêng Dipati Tubin | kadipundi têmahipun | yèn siyosa [siyo...]
--- [f. 272v] ---
[...sa] punika | mêdala Madiyun kang baris |[199] dening[200] kathah ing benjing ingkang tanaha ||
15. Madiyun ing Panaragan | ing Pajang ing Saosragi | botên wande dados mêsah | tan kabêr gêcêk Mêtawis | pan kakècèr ing margi | dene samarga acucuh | punika dahat salah | Adipati Tubin aglis | sigra panggih lan Dipati Surabaya ||
16. Dipati Tuban anabda | kawula adarbe têlik | awasta pun Randhuwatang | wus tau awas ing margi | sakathahing margi |[201] pan sadaya sampun wêruh | Dipati Surabaya | ngandika atakèn margi | sigra matur Randhuwatang awotsêkar ||
17. wontên marga kang prayoga | ing Lasêm anjog ing Pathi | kapering nagari Dêmak | punika marga waradin | murah ingkang binukti | gêgaman agung acukup | yèn sampeyan miyosa | ing Madiyun ingkang baris | marga èwêd akathah ingkang jinaga ||
18. Adipati Surabaya | angidhêp maring wong Tubin | iku si wong angawula | anadya amalês kang sih | mundur sakèhing têlik | nora amanggih[202] rahayu | sangêt ing dukani |[203] kajinêman dèn cêkêli | mapan kinèn amatèni kalih pisan ||
19. sarêng arsa pinêjahan | ingkang kajinêman kalih | tangisira lara-lara | sêsambate amêlasasih |[204] anulya dèn takoni | pagene nangis sirèku | kajinêman [kaji...]
--- [f. 273r] ---
[...nêman] anapda[205] | boya nangis wêdi mati | tangis ingong dadi punapa ing benjang ||
20. yèn gusti têka nuruta | maring ature wong Tubin | tan wande gêgaman rusak | ing margi larang binokti | iku marmane nangis | wêlas maring gustiningsun | kang kinon sigra mujar | buh jarmu malaku urip | kajinêman kalih sampun pinêjahan ||
21. adawa yèn kawarnaa | kajinêman sampun mati | pangeran ing Surabaya | kang ngidhêp têlik ing Tuban |[206] kang bênêr dadi sisip | baya ta sampun pitulung | Yang Sukma mring Mêtaram | sakèhe para dipati | samya rêmbag anuruti têlik Tuban ||
22. datan kawarna ing marga | wus prapta wetaning Pathi | nêngêna wadya ing wetan | kocapa rajèng Mêtawis | ingaturan upaksi | wong agung wetan anglurug | sêdya gêcêkkên Mêtaram |[207] wus prapta wetaning Pathi | sri nalendra akarsa dana ing wadya ||
69. Asmaradana
1. sang nata enjing tinangkil | pinarêk ing pagêlaran | pêpêk ingkang wadya kabèh | santana myang pinituwa | para bupati aglar | kapêdhak gêdhong ing ngayun | kadya kang sêkar sêtaman ||
2. sang nata dhawahi êsih | dhatêng Ki Jayasupănta | ya ta jinujung ligihe | nama Arya Jasupănta | sisih lan Martalaya | panumping wêdananipun | Jasupănta kang sapindhah ||
3. lawan putraning si kaki [ka...]
--- [f. 273v] ---
[...ki] | Mangkubumi kang taruna | sun gêntèkakên lungguhe | namane gêntèn rama |[208] padha angèstokêna | ingkang wadya saur manuk | ngèstrèni kang pangandika ||
4. wontên wadya ing Mêtawis | awasta Baratkatiga | amung satunggil sutane | jalu jumênêng dipatya | pan kinulawisuda | Ki Tumênggung Singaranu | kinarya patih Mêtaram ||
5. taksih ing ngarsa nêrpati | sri nalêndra angandika | Alap-alap dipun age | sira maringa Santênan | warahên ariningwang | aja lena dèn akukuh | lawan sira atugura ||
6. sang nata ngandika malih | Singaranu tênloroa[209] | yèn ingsun tumidak[210] dhewe | amapag wong Surabaya | padha sira dadana | Martalaya sigra matur | kawula miyarsa warta ||
7. Dipati Pajang anênggih | akait lawang[211] wong Tuban | kang mêsah mila praptane | sangking Adipati Pajang | sanggup ngamuk ing wuntat | angandika sang aprabu | măngsa si yèn mangkonoa ||
8. sira têngaroa[212] aglis | sigra muni kang têngara | wong Mêtaram kabèh-kabèh | samya adadana gêgaman |[213] miwah para punggawa | sang nata jêngkar kêdhatun | dalu kawarnaa enjang ||
9. pêpêk ingkang bala mantri | para pratiwa Mêtaram | ingkang wadyabala andhèr | nèng alun-alun agêlar | Dipati Martalaya | sawadyane sampun kumpul | myang Arya Jayasupănta ||
10. sakancanira
--- [f. 274ar][214] ---
panuping[215] | lan wong sèwu numbakanyar | prapta kabèh gêgamane | wong bumi lawan bumija | mantrine wus sanega | para sêntona akupul | gêgamane panthan-panthan ||
11. Pangeran Purubayèki | Pangeran Wiramanggala | myang Pangeran Juminahe | pangeran ing Pringgalaya | lan Pangeran Agnyana | lan Pangeran Têpasanèku |[216] lan Pangeran Têpasana |[217]|
12. Pangeran Mangkubumi |[218] pangeran ing Singasêkar | miwah Pangeran Pugêre | Rahadèn Dêmang wus prapta | Radèn Prawiratruna | saha wadyabalanipun | myang Kyai Madurarêja ||
13. Adipati Sokawati | Sang Dipati Balitar |[219] Dipati Upasantanane |[220] sêntona pêpêk sêdaya | warnanên sri nalendra | miyos sangking ing kêdhatun | ginarêbêg wadyabala ||
14. sikêp dalêm sampun mijil | kang aran Ki Nayagarwa | kapêdhêg[221] têngên lurahe | kang kiwa Ki Garwakăndha | wadya gêdhong punika | wêdanane Ki Tumênggung | Mangunnêgara kang nama ||
15. kang kiwa Ki Suratani | wus pinarêk sri nalendra | mantri aglar ing ngarsane | nulya anêmbang têngara | bubar gêgaman ngarsa | lir gunung gêni dinulu | syaraning bala gumêrah ||
16. nulya budhal sri bopati | ginarêbêg wadyabala | asri tinon gêgamane | samarga dadi tonan |[222] lampahe sri nalendra | datan kawarna ing ênuh | wus pratapta[223] [prata...]
--- [f. 274av] ---
[...pta] nagari Pajang |[224]|
17. makuwon[225] kilèn nagari | rajèng Mêtaram sineba | dene para mantri kabèh | kangjêng sang nata ngandika | Dipati Martalaya | amêpêka linggis pacul | sira kona angrataa ||
18. sakathahe ingkang kali | bang lor dèn urugana |[226] dèn babadana alase | pamrih ingsun wong bang wetan | aja kandhêg lumampah | têkaa ing ngarsaningsun | kang kinon sampun lumampah ||
19. Martalaya awotsari | kawula atur uninga | pun paman Pajang pondhoke | anênggih wontên kang wetan | bêbêlok ingênggenan | kewêdan ing manahipun | sri nalendra angandika ||
20. sira rêmbuga pribadi | lan sakathahing santana | sira priha sapatute | aja kosi dadi ala | Pangeran Purubaya | pangandikanira asru | apa karêpe wong Pajang ||
21. dening ta nora anulis | nêdha padha kinongkonan | dèn êtoga pabudine[227] | yèn abêcik yèn alaa | mupung musuh atêbah | yèn ala nuli ginêpug[228] | aja makewuh ing lampah ||
22. matur Arya Wirapati | kawula anglampahana | mring Pajang angucapake | lah iya sira lungaa | sira pituturana | abangêt pangeman isun | yèn dhèwèke balilaa ||
23. Dipati Martalaya ngling | Saradipa amilua | apa salaku jantrane | Si Wirapati tumuta |
--- [f. 274r] ---
manawa nyata ala | ing sapatut-patutipun | têka sira tut wuria ||
24. Ki Wirapati lumaris | lawan Dêmang Saradipa | abêkta sagêgamane | angangge kaprajuritan | kalih sami prayitna | sampun prapta pondhokipun | nênggih pangeran ing Pajang ||
25. malêbêt sampun kapanggih | aligih ayun-ayunan | Wirapati sru wuwuse | andhawuhakên timbalan | pakanira ngandikan | maring kangjêng kang sinuhun | lan pagene pakanira ||
26. abaris nora anugil | lawan gêgaman Mataram | baya ta ana karêpe | anêdha mêngko nugala | ing wingi nora nana | sri naranata andangu | pakanira tan katingal ||
27. kèwêdan ing aturnèki | Dipati Pajang samana | kalêrêsan ing tarkane | angrasa yèn kasisipan | amawal tan kaduga | dadya sauripun gugup | milane manira misah ||
28. abaris wontên ing ngriki | anjagani musuh wetan | Wirapati sru wuwuse | tur abang ingkang wadana | aja kakehan basa | têmahan ala tinêmu | măngsa ta ingsun ajraha[229] ||
29. Adipati Pajang angling | ki raka wontên punapa | manira kakang andhèrèk | ingsun nora sêdya pisan | amusuh sri nalendra | apa ta ingkang tinêmu | Dipati Pajang lumampah ||
30. kering dene Wirapati | lawan Dêmang Saradipa | sigra prapta tan asuwe | wus nugal baris Mêtaram | pinêrnah [pinêr...]
--- [f. 274v] ---
[...nah] anèng têngah | sinupit barisanipun | marmane tan kêna obah ||
31. nulya majêng ingkang baris | anata ingkang gêgaman | anèng Siwalan pêrnahe | gêgaman sampun atata | sapêrnah-pêrnahira | sigêgên ingkang rumuhun | kocapa baris bang wetan ||
32. gêgaman agêng wus prapti | amondhok salèr Siwalan | sampun tinata barise | Dipati Jipang kang kiwa | lawan para dipatya | kang wetan pêpêk nèng ngriku | nênggih dipati ing Tuban ||
33. pangawat têngên dèn goni | lawan gêgaman Mandura | ing Lamongan Garêsike | Sidayu Lasêm ing kanan | sampun prasamya tata | Dipati Surabayèku | sagêgamane nèng têngah ||
34. sampun prasamya bêbiting | wong agung wetan sadaya | wus pirang dina lamine | dèrèng miyosi yuda |[230] eca nèng pamondhokan | tan uninga sêdyanipun | srêngkarane wong bang wetan ||
70. Dhandhanggula
1. dyan[231] warnanên sang natèng Mêntawis | sinewaka[232] anèng pasanggrahan | pêpêk bupatine kabèh | angandika sang prabu | mring sakèhe para dipati | paran ing karsanira | musuh wetan iku | alawas norana mêdal | gêgamane ngêkêb sajroning biting |[233] paran karêpe baya ||
2. Dipati Martalaya wotsari | nuhun gusti ing atur kawula | yèn suwawi lan karsane | bitingipun [bitingi...]
--- [f. 275r] ---
[...pun] ginêpuk | sampun lami panduka anti | botên wontên kang mêdal | ing wêkasanipun | suwawi nuntên rinangsang | lamun dêl[234] katingal paduka ajrih |[235] karya untaping mêsah ||
3. Panêmbahan Purubaya angling | baya dhèrèk karsa pakanira | yèn ringnangsanga[236] bitinge | wong wetan ingkang nglurug | pakanira ingkang nadhahi | lamun tan purun mêdal | mêngko karsaningsun | dèn ênês-ênês kewala | pinatenan wong cilik kang ngambil bukti | pinêpak jêjaranan ||
4. sabên dina ngidêri biting |[237] dêdimone wong wetan nêpsua | amêtonana jurite | yèn mêksa nora mêtu | pasthi akèh kang padha gêring | sang nata angandika | iku ingsun pêthuk | nuli sira lampahana | sakathahe wong Mêtaram konên mijil | biting dèn ingdêrana[238] ||
5. sakathahe wadya ing Mêtawis | samya mêdal sarwi jêjaranan | abêkta sagêgamane | wong wetan kang ngrêramu | tinumbakan kathah kang mati | sabên dina mangkana | nora kêna mêtu | yèn angalor wêtunira | wadya Pathi prajurite anjagani | wong wetan tinumbakan ||
6. pan dadine sangsaya lami |[239] wong bang wetan kakurangan pangan | sikêp pan kathah angere | mung gadhong kang dèn rêbut | têmu kulci[240] têlas dèn bukti | bonggol gêdhang dèn pangan | pondhoh arèn umbut | wong cilik akèh kalaran | lamun dalu syaraning pating guririh [gu...]
--- [f. 275v] ---
[...ririh] | kathah wong kang ngrasula ||
7. sakathahe wong wetan atintrin[241] | bupatine norana amapag | samya padudon karsane | wontên ingkang winuwus | adipati ing Tuban nênggih | amêpêk wadyanira | karsanya yun mêtu | arêmbak lawan mantrinira |[242] kaya ngapa wong wetan dèn pêlaur agring |[243] norana wani mêdal ||
8. bala cili akèh mati gêring | tanggung-tanggung kudu bêbaturan | pagene kudu marene | kongangane tan purun | sapa mêrdi bêdhah Mêtawis | pan ingsun nora pedah | kudu jaluk bantu | manira wani priyăngga | anglawana ing jurite wong Mêtawis | aja ngago wong wetan ||
9. bapa patih têngaraa aglis | ingsun arsa mêdali ing rana | wong Mêtaram sun cacake | Jayasănta agupuh | atêngara muni tinitir | wong Tuban samya tata | gêgaman akumpul | prajurit sampun samêkta | kinon miyat rampog sakiduling biting | rajêge binêdholan ||
10. lah[244] wong wetan tontonên sun iki | isun pêrang lawan wong Mêntaram | bok aja arewang kowe | isun dhewe apurun | dinulua tandangku mangkin | pantês wong kaya sira | lakumu atanggung | lanang ora wadon ora | kudu aprang masisan bok sira tapih | kudu ngakali aprang ||
11. wadya wetan wirang aningali | pangucape [panguca...]
--- [f. 276r] ---
[...pe] Adipati Tuban | gawok andulu wanine | wong cili sami muwus | lah ta iki layak bupati | anguripi wong kathah | pantês wong sinuhun | nora wade olèh pangan | lah wong batur payo padha aningali | sarwi padha gawa pikulan |[245]|
12. bala Tuban baris jawi biting | wadya Mêtaram sampun uninga | sigra tinata barise | para sêntona maju | sarêng mêdal nindhihi baris | sakèh para sêntona | wong Tuban pinêthuk | sarta muni kang têngara | sampun campuh arame bêdhil-binêdhil | surak ambal-ambalan ||
13. tan adangu wong Tuban kalindhih | prajurite ora kasi pêrang | ngamungakên wong cilike | Dipati Tuban dulu | yèn balane aprang kalindhih | kuda nulya kinêtab | anolèh mring pungkur | Dipati Tuban lumajar | sabature sawadyane ngungsi jro biting |[246] pinapag binalangan ||
14. sami mujar wong sajrone biting | tan sêmbada lawan wuwusira | ngenak-enak ing sanggupe | isun nyana si enjuh | batur aja sukani kori | angusi balikêna | balangana watu | bala Tuban binalangan | palayune wong Tuban rada anisih | wong cili kèh kacandhak ||
15. pêpisuhe wong Tuban ndrawili | mring gustine ika si wong apa | dening malêdug sanggupe | nora wani acucuh |
--- [f. 276v] ---
palayune tinggal wong cili | bupati ora layak | bêjane wak ingsun | duwe gusti rada buyan | tambuh wirang prajurit tan wruh ing isin | nora layak sinêmbah ||
16. dènnya buru kasaput ing wêngi | wong Mêtaram mundur abêbadhang[247] | sampun prapta ing podhoke[248] | wong Tuban kang kawuwus | dènnya kondor[249] nora atêbih | wus tata pamondhokan | kocapa wong agung | bang wetan apagunêman | angrasani yudane Dipati Tubin | pan dadi pagunêman ||
17. sakathahe kang para dipati | mung angkuhe mêthangthang lir êngkak | wong ora nana gunane | pan sampun dèn gêguyu | Adipati Surabaya ngling | lah nêdha sanak-sanak | sami mêdal besuk | amêtoni ing ayuda | bala cili mupung arikat sadhidhig[250] | nêdha ngantêp ing yuda ||
18. wus arêmbag sakèhe bupati | sampun dalu nulya sami nendra | wong cili akèh jajale | gègèr ping pat sadalu | ing sawêngi norana guling | sampun bangun raina | atêngara umyung | prajurit sami sanega | sampun padhang sigra mêdal sami baris | nênggih Dipati Japan ||
19. ingkang dadya pangawate rèki | wong Madura pangawate kanan | Dipati Surabayane | mugèng têngah gènipun | kang kocapa wadya Mêtawis | sigra nêmbang têngara | tata barisipun | sang nata mugèng [mu...]
--- [f. 277r] ---
[...gèng] ing têngah | ngajêngakên jêblogan tilasing rawi | lêbêting êmbêlira ||
20. sri nalendra kinon angurugi | dadimone sikêpe wong wetan | kongsi têkaa marene | sigra ngurugan sampun | ingkang anèng wetan abaris | Dipati Martalaya | saha wadyanipun | lawan Arya Jasupănta | sakancane dyadya[251] pangawat kang kèri | mêsah Dipati Japan ||
21. para sêntona têngên dèn goni | ayun-ayunan lan wong Mandura | Surabaya lan sang rajèng | Tuban ikang kawuwus | sampun mêdal kang ponang baris | liman wus pinalanan | wontên sêliripun | ingkang wasta Ni Graita | Andrawila wêstane ingkang satunggil | kinèn anugang liman ||
22. gêgamane Adipati Tubin | pan agêbêr nèng wuri kewala | nora sakeca manahe | nitihi kudanipun | pun Mastari ulêse putih | Dipati Tuban nabda | dadana pêpikul | padha sira apêpanthera |[252] bokmanawa wong wetan prange kalindhih | sadaya wus adadan ||
23. kang kocapa ingkang nata baris | sang dipati ing Japan ngandika | isun iki wite-wite | arêp musuh sang prabu | ing Mêtaram ingsun ayoni | arsa ngadu karosan | kuwate bêbalung | tosing
--- [f. 277v] ---
kulit ngadu tumbak | têka ora pinarêng karsaning Widi | kalingan ing pangkalan ||
24. yèn tunjangên iki abayani | liwat jêro ika kang jêblogan | baya ta durung pasthine | dene ta nora kuntung | ênggon arêb têmu pribadi | lan sang nate[253] Mêtaram | sang dipati muwus | andangu ing wadyanira | ika sapa kang baris kidul pribadi | wadya aris aturnya ||
25. punika nênggih Ki Dipati |[254] Martalaya ingkang payung pêthak | anindhihi gêgamane | dening ing kilènipun | ingkang baris nêgih kang rayi | Ki Arya Jasupănta | asale karuhun | sangking nagari ing Daha | sadhèrèke katiga pun Senapati | Jêjagu Saradipa ||
26. sêkalihan pan samya prajurit | dadya andêl-êndêle[255] Mêtaram | Dipati Japan wuwuse | iya iku sun têmpuh | parandene prajurit sêkti |
--- [f. 278r] ---
[...]
--- [f. 278v] ---
sah kalih babon, kawula Sêtrawijaya
[...]
--- [f. 279r][256] ---
ingsun nora kuciwa | musuha wong iku | sigra muni kang têngara | wadya Japan lumaju nêmpuh ajurit | tan sadya amundura ||
1 | Tanggal: anrus lunga margèng bumi (S 1509). Tanggal Masehi: 1587–8. Lihat juga: nrus lunga margèng bumi (S 1509) (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 21.4.5); nrus lunga marganing bumi (S 1509) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 36.3.4). Sangkala ini mengacu pada momen penting ketika Senapati Mataram secara resmi menerima perintah dan restu dari Panembahan Mataram untuk memimpin pasukan menghadapi ancaman dari wilayah timur. (kembali) |
2 | citraka. (kembali) |
3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Jajagung Krêtiwăngsa di (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 21.35.8). (kembali) |
4 | apan. (kembali) |
5 | Biasanya guru lagu i: sakathahing. (kembali) |
6 | kang (dan di tempat lain). (kembali) |
7 | Bandingkan: kalong (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 21.63.9). (kembali) |
8 | syarane. (kembali) |
9 | adu. (kembali) |
10 | kabêcikan (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.37.9; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 21.73.9). (kembali) |
11 | nusul. (kembali) |
12 | sinosog (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 48.6.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 45.16.3; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 22.6.3). (kembali) |
13 | Lebih satu suku kata: ingkang ngrata jaman. (kembali) |
14 | Pathi. (kembali) |
15 | duta. (kembali) |
16 | dipati. (kembali) |
17 | Biasanya guru lagu a: abra. (kembali) |
18 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lan upacaranipun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 49.42.4; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 23.47.4). (kembali) |
19 | yèn (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 23.51.4). (kembali) |
20 | jumarojog (dan di tempat lain). Bandingkan: dumarojog (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 49.51.5). (kembali) |
21 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
22 | tan. (kembali) |
23 | prajurit. (kembali) |
24 | wong (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 24.13.5). (kembali) |
25 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wikana yèn pêjaha (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 24.14.4). (kembali) |
26 | gèn. (kembali) |
27 | Kurang satu suku kata: anèng ing bale kajênar. (kembali) |
28 | Kurang satu suku kata: kang jumênênga Mataram. (kembali) |
29 | Kurang satu suku kata: amung ta sang rajasunu. (kembali) |
30 | lir. (kembali) |
31 | Beberapa gatra dicoret dan diganti dengan bait ini yang tertulis di margin sebelah kiri. (kembali) |
32 | Teks asli kurang jelas. (kembali) |
33 | wastane. Bandingkan: wastanerèki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.4.4). (kembali) |
34 | Bandingkan: ana ing (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.4.5). (kembali) |
35 | sampun. (kembali) |
36 | Dalam bait ini bagian awal gatra ke-2 dicoret, diganti dengan tiga gatra (gatra ke-2, ke-3, dan ke-4) yang tertulis di margin sebelah kanan. (kembali) |
37 | Terdapat dobel sandangan: merang atau mirang. (kembali) |
38 | Amangkubumine. Bandingkan: Mangkubumine (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.11.3). (kembali) |
39 | Lebih satu suku kata: putra dika nênggih. Bandingkan: wayah dika nênggih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.11.5). (kembali) |
40 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sakathahe pra bupati iki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.13.4). (kembali) |
41 | dhatêng. (kembali) |
42 | Kurang satu suku kata: aturana kakangmas marene. Bandingkan: aturana si kakang marene (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.15.3); aturana kangmas Pugêr age (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 25.29.3). (kembali) |
43 | Kurang satu suku kata: angaturi sampeyan dèn age. Bandingkan: angaturi ing paduka anggèr (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.16.3); angaturi paduka dèn age (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 25.30.3). Teks "turi sampeyan dèn a" ditulis di bagian margin sebelah kanan sebagai sisipan. (kembali) |
44 | Dêmak. (kembali) |
45 | Dipati. (kembali) |
46 | jinunjung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.21.3; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 25.38.3). (kembali) |
47 | mangkin (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 25.38.5). (kembali) |
48 | Biasanya guru lagu i: nêrpati. Bandingkan: narpati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.25.1). (kembali) |
49 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Mas Têmbaga namane duk lare (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.25.3); Mas Têmbaga anênggih namane (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 25.41.3). (kembali) |
50 | angandika (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.28.1). (kembali) |
51 | Dêmak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.28.3). (kembali) |
52 | norana. Bandingkan: tan ana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.28.4). (kembali) |
53 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Tăndhanagara jinunjung linggih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.30.1). (kembali) |
54 | ênêngêna. (kembali) |
55 | Kurang satu suku kata: kang kocapa sira sang dipati. (kembali) |
56 | Gêndhing. (kembali) |
57 | Kurang satu suku kata: lan panduka madêga nêrpati. Bandingkan: lan paduka jumênênga aji (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 25.50.4). (kembali) |
58 | mangko. (kembali) |
59 | Lebih satu suku kata: sigra putusan dhatêng Matawis. Bandingkan: mring Mataram ngaturi upaksi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.40.1). (kembali) |
60 | Mangkubumi. (kembali) |
61 | Kurang satu suku kata: pangran ing Purubaya jajare. (kembali) |
62 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
63 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lamun kakang êmas ambahaki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.45.4; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 25.62.4). (kembali) |
64 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: nadyan mundhuta sakidul wukir (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 25.63.1). (kembali) |
65 | Kurang satu suku kata: sigra Pangeran Mangkubumine. Bandingkan: tuwin Pangeran Mangkubumine (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 25.67.3). (kembali) |
66 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: rama dika katong (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.50.2); swargi rama katong (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 25.68.2). (kembali) |
67 | Kurang satu suku kata: aturana kangmas adipati. Bandingkan: aturana kangmas mring Matawis (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 25.69.4). (kembali) |
68 | sogol. (kembali) |
69 | Kurang satu suku kata: yogya gumantia ing rama ji. (kembali) |
70 | Kurang satu suku kata: kalawan Pangeran Mangkubumi. Bandingkan: miwah Jêng Pangeran Mangkubumi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 51.60.4). (kembali) |
71 | Lebih satu suku kata: wigêna jro kalbu. (kembali) |
72 | Lebih satu suku kata: ingkang nindaki yuda. (kembali) |
73 | Lebih satu suku kata: Raja Mêtaram winarni. (kembali) |
74 | Kurang satu suku kata: poma wêwêkasira. (kembali) |
75 | popor (dan di tempat lain). Bandingkan: pinopor (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 52.44.3). (kembali) |
76 | Lebih satu suku kata: mundhut tandhu wus prapta. Bandingkan: amundhut tandhunira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 52.54.5; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 26.54.5). (kembali) |
77 | bodhol (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
78 | Tanggal: rêsi pêksa tata jalma (S 1527). Tahun Masehi: 1605–6. Lihat juga: rêksi paksa nata janma (S 1527) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 52.58.7); rêksa paksa tata jalma (S 1527) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 1.36.7). Sangkala ini mengacu pada keberhasilan pasukan Mataram mengalahkan kekuatan Demak dan penaklukan Pangeran Pugêr, yang kemudian dipindahkan ke Demak bersama para pengikutnya. (kembali) |
79 | Kurang satu suku kata: datan pêgat pamujine. Bandingkan: santana sarêju kabèh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 52.62.3); sami runtut sadayane (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 26.62.3). (kembali) |
80 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tan arja ing jênêngipun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 52.65.6; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 26.65.6). (kembali) |
81 | anèng (dan di tempat lain). (kembali) |
82 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pan winênang akarya pêpati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 53.2.1); pan winênang akarya pêpatih (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 27.2.1). (kembali) |
83 | Têrdapat dobel sandangan: wêstanira atau wêstanera. (kembali) |
84 | Bandingkan: amêngsaha raka narpati (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 27.5.5); ngrêbat waris kraton Matawis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 53.5.5). (kembali) |
85 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lêlurah samya matur (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 27.8.4). (kembali) |
86 | miwah. (kembali) |
87 | Kurang satu suku kata: lan Panji Wirabumine. (kembali) |
88 | Lebih satu suku kata: sampun prapta masjid Watu dèn lêbêti. (kembali) |
89 | Lebih satu suku kata: sineba mantri gung. (kembali) |
90 | angandika (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 53.25.1). (kembali) |
91 | Kurang satu suku kata: angandika sang sri narapati. Bandingkan: Panêmbahan angandika aris (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 53.25.1). (kembali) |
92 | Lebih satu suku kata: wus jumênêng Madiyun. Bandingkan: pan wus anèng Madiun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 53.27.4). (kembali) |
93 | pêpatih. (kembali) |
94 | Kurang satu suku kata: katujon kasinungan nêgari. (kembali) |
95 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang panêngah wus jinunjung linggih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 53.32.1). (kembali) |
96 | kagingsiran. (kembali) |
97 | Kurang satu suku kata: kagingsiran dene asakit galihing. (kembali) |
98 | Kurang satu suku kata: mring kang raka Pangeran Purbaya. (kembali) |
99 | Kurang satu suku kata: Pangeran Pringgalaya winêling. (kembali) |
100 | Lebih satu suku kata: swarane gumêldhug. (kembali) |
101 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus sinare layone narpati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 53.40.1). (kembali) |
102 | Tanggal: sênjata mantri tinatahan ing bumi (S 1535). Tahun Masehi: 1615–6. Sangkala ini mengacu pada wafatnya Panêmbahan Seda Krapyak (ayah Sultan Agung), yang dimakamkan di sebelah barat Masjid Mataram. (kembali) |
103 | mirsakêna. (kembali) |
104 | Lebih satu suku kata: lan Pangran Mangkubumi. (kembali) |
105 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Dipati Balitar (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.5.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 39.5.3). (kembali) |
106 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: têkakêna runtik mami (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.6.5); pan têkakêna rumiyin (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 39.6.5). (kembali) |
107 | Suratani (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.8.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 39.8.1). (kembali) |
108 | wus. (kembali) |
109 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: sami kapiluh rabinira sadaya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 39.12.1). (kembali) |
110 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: binapang ing mas angrawit (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 39.13.5). (kembali) |
111 | Lebih satu suku kata: senapatining jurit. Bandingkan: senapati Mêtawis (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 39.14.7). (kembali) |
112 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Mataram wus mangkat (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 39.15.4). (kembali) |
113 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kalawan ing Winongan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 54.41.4). (kembali) |
114 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Tumênggung Alap-alap (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.29.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 39.23.4). (kembali) |
115 | wong. (kembali) |
116 | anglangi. (kembali) |
117 | Kurang satu suku kata: amêtu lor anglangi. Bandingkan: mêtu marganing warih (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.35.7); mangalor parannèki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 39.29.7). (kembali) |
118 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wong Mataram samya ngrampid (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 39.30.5). (kembali) |
119 | Kurang satu suku kata: aran Martanagara. Bandingkan: Ki Martanagara | Dipati Surabaya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 54.68.3–4). (kembali) |
120 | tantang-tinantang. (kembali) |
121 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
122 | Tumênggung (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.85.4). (kembali) |
123 | binendrong (dan di tempat lain). (kembali) |
124 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: prajurit kèh kabranan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 54.88.4). (kembali) |
125 | sajroning (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 54.89.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.51.7). (kembali) |
126 | rêbut (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 54.95.3). (kembali) |
127 | ngèsêm-èsêmi. (kembali) |
128 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wus arêmbag sakèhe para dipatya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 54.98.1). (kembali) |
129 | ombak (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
130 | nêmpuh. (kembali) |
131 | ranangga. (kembali) |
132 | kadhak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 54.105.4). (kembali) |
133 | tumêdhak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 54.106.3). (kembali) |
134 | sinipat. (kembali) |
135 | Terdapat dobel sandangan: kinèn atau kènèn. (kembali) |
136 | Lebih satu suku kata: kuda ambên kèn ningsêti. (kembali) |
137 | anyamêthi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 54.110.1). (kembali) |
138 | rêbutên (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 54.110.7). (kembali) |
139 | Lebih satu suku kata: astahpirlah halngalim. (kembali) |
140 | Biasanya guru lagu i. Bandingkan: margi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 54.127.2). (kembali) |
141 | lampahêna. (kembali) |
142 | sawulan. (kembali) |
143 | Lebih satu suku kata: lamun ingsun ing sawulan iki budhal. (kembali) |
144 | Lebih satu suku kata: ngagêm rasukan adi. (kembali) |
145 | Lebih satu suku kata: kang wadya gêndhong wus cawis. (kembali) |
146 | akêpang. (kembali) |
147 | ênêngêna (dan di tempat lain). (kembali) |
148 | Kurang satu suku kata: wadya apamondhokan. (kembali) |
149 | angêbêki. (kembali) |
150 | lêbak. (kembali) |
151 | Kurang satu suku kata: wadya apamondhokan. (kembali) |
152 | Sama dengan bait ke-21. (kembali) |
153 | nimbali (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
154 | Lebih dua suku kata: ngandika hèh Arya Martalayèki. (kembali) |
155 | sênjata. (kembali) |
156 | tinandhu (dan di tempat lain). (kembali) |
157 | ambêdhili. (kembali) |
158 | Kurang satu suku kata: ananging datan kangkat. (kembali) |
159 | Lebih satu suku kata: surak swarane gumuruh. (kembali) |
160 | Lebih satu suku kata: wong Mêtaram undure kathah kang tatu. (kembali) |
161 | ingandikan. (kembali) |
162 | pêjah. (kembali) |
163 | ati. (kembali) |
164 | angrampit. (kembali) |
165 | syaraning. (kembali) |
166 | anotol. (kembali) |
167 | cindhe (dan di tempat lain). (kembali) |
168 | Lebih satu suku kata: saisine pura katur sang aji. (kembali) |
169 | Kurang satu suku kata: tumibaa gusti pun Dipati. (kembali) |
170 | Biasanya guru lagu e: ukume. (kembali) |
171 | wande. (kembali) |
172 | pêndhêmên. (kembali) |
173 | Kurang satu suku kata: lah pêndhêmên jisime dèn aglis. (kembali) |
174 | wèsthi. (kembali) |
175 | Lebih satu suku kata: ginrêbêg punang wong. (kembali) |
176 | Kurang satu suku kata: datan kawarnaa ing lamine. (kembali) |
177 | Kurang satu suku kata: ênêngêna nagara Mêntawis. (kembali) |
178 | lagi. (kembali) |
179 | Biasanya guru lagu e: mangke. (kembali) |
180 | anglilani. (kembali) |
181 | Lebih satu suku kata: sigra bubar Ki Jasănta aglis. (kembali) |
182 | Kurang satu suku kata: karsanira anglawana jurit. (kembali) |
183 | anggêpuk (dan di tempat lain). (kembali) |
184 | Kurang satu suku kata: dèn pinriha wani. (kembali) |
185 | Lebih satu suku kata: Tumênggung Alap-alap tinuding. (kembali) |
186 | Kurang satu suku kata: sigra mantuk Alap-alap age. (kembali) |
187 | Gatra ke-2 dan ke-3 ditulis di margin kanan halaman. (kembali) |
188 | tinangkil (dan di tempat lain). (kembali) |
189 | dipati. (kembali) |
190 | dèn ampiri. (kembali) |
191 | Lebih satu suku kata: pra bupati dèn ampiri. (kembali) |
192 | Kurang satu suku kata: sarta angujung astana. (kembali) |
193 | angujung. (kembali) |
194 | yogi. (kembali) |
195 | Lebih satu suku kata: lawan nagri wetan lumampah sadaya. (kembali) |
196 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
197 | Randhuwatang. (kembali) |
198 | kaidhêp. (kembali) |
199 | Lebih satu suku kata: mêdal Madiyun kang baris. (kembali) |
200 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
201 | Kurang satu suku kata: sakathahing kang margi. (kembali) |
202 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
203 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: sangêt ing dukanira. (kembali) |
204 | Lebih satu suku kata: sêsambate amlasasih. (kembali) |
205 | anabda. (kembali) |
206 | Biasanya guru lagu i: Tubin. (kembali) |
207 | Lebih satu suku kata: sêdya gêcêk Mêtaram. (kembali) |
208 | Kurang satu suku kata: namane gêntèni rama. (kembali) |
209 | têngaraa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 57.9.2). (kembali) |
210 | tumindak (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 57.9.3). (kembali) |
211 | lawan. (kembali) |
212 | têngaraa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 57.11.1). (kembali) |
213 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: samya adandan gêgaman (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 57.11.4). (kembali) |
214 | Urutan folio f. 274ar ini dan folio f. 274av berikutnya telah diperbaiki sesuai isinya. (kembali) |
215 | panumping. (kembali) |
216 | Lebih satu suku kata: lan Pangran Têpasanèku. (kembali) |
217 | Gatra ke-6 dan ke-7 hampir identik. (kembali) |
218 | Kurang satu suku kata: Pangeran Amangkubumi. (kembali) |
219 | Kurang satu suku kata: Sang Adipati Balitar. (kembali) |
220 | Lebih satu suku kata: Dipati Upasantane. (kembali) |
221 | kapêdhêk. Bandingkan: kapêdhak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 57.18.3). (kembali) |
222 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: samarga dadi tontonan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 57.24.4). (kembali) |
223 | prapta. (kembali) |
224 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wus praptèng nagara Pajang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 57.24.7). (kembali) |
225 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
226 | Kurang satu suku kata: bang êlor dèn urugana. Bandingkan: iku padha urugana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 57.26.2). (kembali) |
227 | sabudine (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 57.29.3). (kembali) |
228 | ginêpuk (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 57.29.6). (kembali) |
229 | ajriha. Bandingkan: jriha (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 57.36.7). (kembali) |
230 | Kurang satu suku kata: dèrèng amiyosi yuda. Bandingkan: dèrèng acampuh kang yuda (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 57.42.4). (kembali) |
231 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
232 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
233 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: gêgamane angêkêb anèng jro biting (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 58.1.9). (kembali) |
234 | Terdapat dobel sandangan: dêl atau dol. (kembali) |
235 | Kurang satu suku kata: lamun kèndêl katingal paduka ajrih. (kembali) |
236 | rinangsanga. Bandingkan: angrangsanga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 58.3.3). (kembali) |
237 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sabên dina ngidêrana biting (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 58.4.1). (kembali) |
238 | idêrana. (kembali) |
239 | Kurang satu suku kata: pan dadine sangsaya alami. Bandingkan: sangsaya-saya ngalami-lami (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 58.6.1). (kembali) |
240 | kunci (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 58.6.5). (kembali) |
241 | atintrim. (kembali) |
242 | Lebih satu suku kata: rêmbak lawan mantrinira. (kembali) |
243 | Lebih satu suku kata: kaya ngapa wong wetan dèn plaur agring. (kembali) |
244 | Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
245 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: bari gawa pikulan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 58.15.10). (kembali) |
246 | Lebih satu kata: sabature sawadyane ngungsi biting. Bandingkan: ngungsi biting pinapag dipun bandhêmi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 58.17.9). (kembali) |
247 | abêbandhang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 58.20.2). (kembali) |
248 | pondhoke (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 58.20.3). (kembali) |
249 | kondur. (kembali) |
250 | sadhidhik. (kembali) |
251 | dadya. Bandingkan: dadi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 58.24.9). (kembali) |
252 | Lebih satu suku kata: padha sira pêpanthera. Bandingkan: padha sira andhèdhèra (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 58.26.8). (kembali) |
253 | natèng. (kembali) |
254 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pan punika nênggih Ki Dipati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 58.29.1). (kembali) |
255 | andêl-andêle. Bandingkan: andêl-andêl ing (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 58.30.2). (kembali) |
256 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |