Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 071–087)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 279r lanjutan] ---
71. Durma
1. sampun mangsah Dipati Japan ayuda | prajurite tan kari | uni sêdyanira | yèn apêsa kang yuda | aja kongsi mulih urip | sawadyabala | sanggupe nora gingsir ||
2. Kyai Arya Jasupănta ingkang pêrnah | angarêpakên kawis | umah wong sadaya | ciptanira Ki Arya | yèn wong etan anêmêni | ingkang ayuda | angraos lamun kotit[1] ||
3. Arya Jasupănta ngandika mring wadya | abongên umah iki | dêdimone ura | barise wong bang wetan | yèn maksih agalong pipis | awrat sinăngga | gènira anadhahi ||
4. wus ingabong kang dahana nulya mubal | katampêk dening angin | angalor sadaya | sumuke kang dahana | gêgaman wetan angisis | dadya aura | Mêntaram angangsêgi ||
5. Adipati Martalaya anarajang | têngên rada kapering | Arya Jasupănta | narajang sangking kiwa | bala Japan tan udani | dening kukusnya | kathah barêbês mili ||
6. bala wetan tinarajang tinubakan | samya kagungm[2] kajurit[3] | ngawud pangamuknya | gènira malês aprang | mapan nora angudhili | sampun kapapan | prajurite kèh kang mati |[4]|
7. sang dipati ing Japan awas tumingal | wadyane akèh mati | sigra nyandhak tumbak | cinamêthi kang kuda | anandêr narajang baris | sarwi sêsumbar | rêbutên ing ajurit ||
8. iya ingsun kang aran Dipati Japan | asal Madiyun uni | kang wasta Mas Lonthang | lah mara kêmbulana | sampun anêngah kang baris |
--- [f. 279v] ---
singa katrajang | bubar akèh kang kanin ||
9. Adipati Martalaya sigra ngatag | maring kancane mantri | karerehanira | lah payo tinadhahan | sigra mara para mantri | Dipati Japan | kinarubut ing jurit ||
10. pangamuke kadya banthèng tawan brana | kinarutug ing bêdhil | sinasog ing tumbak | sang dipati tan pasah | anulya dipun gêbugi | sarta bêbalang | ginitik papor bêdhil ||
11. kadar pira kuwate tiyang satunggal | tan ana kang nulungi | dipati ing Japan | aniba sangking kuda | kinarayok[5] dèn gêbugi | sampun pralaya | wong etan aningali ||
12. Ki Tumênggung Kapulungan wus uninga | Dipati Japan mati | micarèng wardaya | nora garoh[6] jar ingwang | atiningsun sênig-sênig | lah mêngko apa | kang wani nuli mati ||
13. payo bocah padha mundur dèn agancang | sapa ngalêm yèn mati | ana kang saloka | ingkang yatna yuwana | kudanira dèn camêthi | Ki Kapulungan | sarwi malik kulambi ||
14. wong Mataram samya amburu sadaya | wong wetan dèn tumbaki | prajurit kèh pêjah | Dipati Suralaya | gêgamane wus angisis | sigra lumajar | datan anolèh godhi ||
15. kawarnaa Dipati Tuban tumingal | sangking luhuring èsthi | yèn wong wetan kalah | sigra nulya tumêdhak | kudanira dèn titihi | nulya lumajar | sêlire tan dèn tolih ||
16. gamêlira anyêluk Dipati Tuban | sêlir andika kari | dipati ing Tuban | angling sarwi lumajar | cok uga ingsun aurip | sêlir agampang | ing besuk olèh maning ||
17. katututan dening wadya ing Mataram | gajah wus dèn adhangi | nulya tinunggangan [tinunggang...]
--- [f. 280r] ---
[...an] | sêlir sami karuna | Si Graita wastanèki | Kèn Andrawela | kêkalih sami nangis ||
18. wong Mataram amburu Dipati Tuban | saparane katawis | nitih kuda pêthak | pinanganggèn giwang |[7] marmanipun dèn balêdrig[8] | êmèh kacandhak | sigra dipun udhuni ||
19. adipati ing Tuban nusup galagah | tigapare dharidhit | dhuh dubilah setan | dene nora atata | wong Mataram anêmêni | nora kayaa | dene tan wruh priyayi ||
20. kudanira kacandhak mring wong Mataram | anuli dèn tunggangi | wus wangsul sadaya | sarwi ngiring kêlipan | dèn titihi dening sêlir | kalangkung suka | kabèh wadya Mataram |[9]|
21. sampun katur sadaya ingkang bandhangan | dhatêng sri narapati | miwah sêlirira | sampun katur sadaya | Martalaya marêk aglis | lan Jasupănta | ngaturakên kang jisim ||
22. jisimira nênggih Sang Dipati Japan | wus katur ing sang aji | sang nata ngandika | sira parènèkêna | ki besan Japan kang jisim | wus praptèng ngarsa | ngandika sri bupati ||
23. adêgêna jisime ki besan Japan | iki si wong prajurit | nora nana lanang | nagara ing bang wetan | mung ki besan ka prajurit | wadya Mataram | gawanên jisim iki ||
24. maring Butuh pêtêkên dagane sultan | ing Pajang iku bêcik | wongnya prawira |[10] tan gingsir ing wêcana | sêsanggupe dèn kurêbi | pantês tinêpa | ing prajurit kang kari ||
25. sri nalendra bubar sangking ing Siwalan | kondur dhatêng Mêtawis | kang wadya sumahab | gêgaman warna-warna | yèn tinon lir gunung gêni | lampahnya tata | tan lali pêrnahnèki ||
26. tan kawarna ing marga pan
--- [f. 280v] ---
sampun prapta | jroning kitha Mêtawis | sang nata gêganjar | lamine tan winarna | satêngah warsa ing mangkin | sri naranata | sineba dening mantri ||
27. angandika mring Dipati Martalaya | lan Jayasupăntanèki |[11] sira lumampaha | ing Lasêm lurugana | sabaturira panumping | sira gawaa | sadadananing jurit ||
28. lan si adhi ing Pathi sira ajaka | ambêdhah Lasêm nênggih | kêkalih tur sêmbah | lèngsèr sangking ngayunan | wong panumping mêpêk baris | tumulya bubar | tan kawarna ing margi ||
29. prapte[12] Pathi Adipati Martalaya | Sang Adipati Pathi | wus awor sawadya | gêgaman nulya bubar | Mataram lawan ing Pathi | datan kawarna | marga ing Lasêm prapti ||
30. sang adipati ing Pathi amasanggrahan |[13] kidul kilèn kithaning | gêgaman asinang | wadyabala Mataram | kidul wetan kitha baris | amasanggrahan | têpung lan wadya Pathi ||
31. pan nêgari ing Lasêm sampun kinêpang | wong Lasêm padha tingtrim | angrasa yèn kalah | tan mawi mêtonana | anulya kasaput wêngi | bupatinira | lalos saanak rabi ||
32. wong cilike akathah kang mêdal minggat | ngungsi gêgaman Pathi | syaranira umyang | wong Mataram miyarsa | yèn gègèr jroning nêgari | panyananira | bêdhah dening wong Pathi ||
33. wong Mataram anulya nêmbang têngara | arsa anggêcêk biting | gêgaman wus bubar | nulya kasaput rina | kutha sampun dèn lêboni | nora sawala | tumbake dèn bongkoki ||
34. wong ing Lasêm dinum pan kadi ranjapan | pinaro lan wong Pathi |
--- [f. 281r] ---
boyongan sadaya | binakta mring Mataram | anulya bubar kang baris | datan kawarna | ing marga sampun prapti ||
35. ing Mataram bupati samya aseba | sang prabu sigra mijil | pêpêk kang punggawa | miwah para santana | Martalaya lan kang rayi | prapta ing ngarsa | Jasupănta nèng wingking ||
72. Pangkur
1. nèng alun-alun agêlar | gêgamane kang sangking mangun jurit | Dipati Santênan matur | sasolahing ayuda | bêboyongan jêjarahan sampun katur | sri nalêndra langkung suka | angalêm dhatêng kang rayi ||
2. Dipati Pathi ginanjar | dèn pêpantês busana ingkang adi | kancana salaka sampun | miwah wadya Mataram | pinalèlèr mapan warata sadarum | sang nata anulya jêngkar | kondur dhatêng kênyapuri ||
3. datan kawarna laminya | sri nalendra ingjing[14] miyos tinangkil | pêpêk kang punggawa agung | miwah para santana | kang kaparêk Ki Tumênggung Singaranu | Adipati Martalaya | kang tansah tinari wèsthi ||
4. sri nalendra angandika | mring Dipati Martalaya anênggih | sira sun utus anglurug | marang nagara wetan | Pasuruan iku gêmpura karuhun | lawan sira anggawaa | sakèhe para dipati ||
5. yèn wis prapta Pasuruan | sakathahe santananingsun benjing | mondhoka ana bing[15] kidul | kutha ing Pasuruan | Ki Dipati Martalaya pondhokipun | sakidul wetaning kutha | lan wong Pajang aja têbih ||
6. Si Ngabèi Katawêngan | lan Tumênggung Alap-alap sirèki | sabaturira sadarum | mondhoka loring kutha |
--- [f. 281v] ---
dene lamun prapta Pasuruan besuk | aja lyan dina Jumuah | gènira angantêp jurit ||
7. anuli sira bubara | Adipati Martalaya wotsari | pra santana sampun ngujung | sadaya sarêng bubar | wong Mataram budhal sangking alun-alun | amondhok jawining kitha | nganti praptane wadya lit ||
8. wus pêpêk anulya budhal | Adipati Pajang sampun acawis | gêgaman sampun akumpul | nêngêna kang lumampah | kang kocapa nênggih kangjêng sang aprabu | pinarêk ing kamandhungan | Jasupănta dèn timbali ||
9. sapraptanira ngajêngan | angandika kangjêng sri bupati |[16] Jayasupănta sirèku | sumusula mangetan | pakanira dadia paningal ingsun | jênêngana wong Mataram | kang ala lawan kang bêcik ||
10. aja sira milu aprang | tingalana polahe wong Mêtaram |[17] yèn ora katara iku | kang bêcêk lan kang ala | yèn wus bêdhah Pasuruan glisa mundur | nuli sira rêrangkaha | Juranglawan[18] dèn abêcik ||
11. sakèhe bala Mataram | aja wèhi liwat sakèhe baris | dene yèn ana kang purun | anêrajang mring sira | ora têmên wong iku ngawula mringsun | anuli sira muliha | maring Mataram dèn aglis ||
12. wis Arya sira mangkata | Jasupănta nêmbah ngaras pada ji | bubar sagêgamanipun | anusul mring bang wetan | tan kawarna ing marga sampun kasusul | gêgaman wetaning Pajang | Jasupănta wus apanggih ||
--- [f. 282r] ---
13. lan Dipati Martalaya | Jasupănta pan sampun amangsiti | ya ta tinutur adangu | gêgaman nulya bubar | sangking Sala amangetan lampahipun | sakèhe desa kamargan | rusak samya dèn apiring[19] ||
14. datan kawarna ing marga | sampun prapta ing Pasuruan anênggih |[20] gègèr wong desa malêdug | sami angungsi kutha | nagri Pasuruan bupatinipun |[21] Ki Tumênggung Kapulungan | baris sajroning nêgari ||
15. gêgamane amêlatar | wong Mataram kutha kinêpung aglis | mondhok ing lor lawan kidul | ingkang kitha tinuguran |[22] amung sakilèning kitha ingkang suwung | ingkang nora tinuguran | dening wong agung Matawis ||
16. Ki Tumênggung Kapulungan | atêtêgar sarwi ngidêri baris | asru dènira amuwus | kabèh wong Pasuruan | pan ing benjang sira sun ajak angamuk | mêtoni baris Mataram | sira ingsun ajak mati ||
17. sampun dalu kawarnaa | anglêrêsi malêm Jumungah nênggih | yèn angucapa ing kalbu | Tumênggung Kapulungan | kaya ngapa yèn ingsun pêranga besuk | lawan wadya ing Mataram | sasat karubuhan langit ||
18. wong kêdhik amusuh kathah | padha kèhe pradene[23] nora udhil | duk Pasiwalan karuhun | akêdhik wong Mataram | supradene sêmana kathah kaburu | nora nganggo ancan-ancan | dene sun kongsi kapèsing ||
19. iki manèh yèn mênanga | mapan ingsun ing mêngko katanggêlis | wong Mataram baris agung [a...]
--- [f. 282v] ---
[...gung] | angur ingsun lolosa | sapa yatna pêsthi dawa umuripun | lah bojo padha dandana | payo lalos wêngi iki ||
20. Ki Tumênggung Kapulungan | asuwara wadyane dèn apusi | wong Pasuruan sirèku | adandana gêgaman | payo mangsah amêtoni têngah dalu | angamuk wadya Mataram | kaop sira wong sathithik ||
21. wadya Mataram akathah | lamun sira nêrajanga ing wêngi | pêsthi iku gugap-gugup | tanbuh mungsuh lan rowang | sun wêtara wong ing Mataram kaburu | aprang lan bature dhawak | yêkti rusak wong Matawis ||
22. têka tontonên kewala | sinurakan sangking lor kidul sami | pêsthi wong Mataram bingung | anuli tinarajang | tinubakan pêsthine kathah kang tatu | nuli sira padha ngrayah | tur kowe norana busik ||
23. prajurit caos sadaya | amituhu saandikaning gusti | Ki Tumênggung nulya mundur | mariksa ingkang garwa | apa uwis bojo iya dandanamu | payo ta anuli budhal | gêgawanmu aja kari ||
24. Ki Tumênggung Kapulungan | nulya dandan kuda wus dèn pakani | wastanira pun Adaru | cêmêng ulêsing kuda | rabinira sinaosan kuda sampun | nulya sami tinitihan | ki tumênggung sigra mijil ||
25. sarwi anêmbang têngara | alok-alok hèh batur sapa kari | pêsthi sira ingsun kukud | kang wadya nulya bubar | wus prayitna sêdyanira arsa ngamuk |
--- [f. 283r] ---
wong ing Mataram miyarsa | wong Pasuruan mêtoni ||
26. wadya Mataram sanega | kudanira sampun dèn kêkapani | wong Pasuruan wus mêtu | nyananipun apêrang | Ki Tumênggung Kapulungan nulya laju | angulon palayunira | Surabaya kang dèn ungsi ||
27. wong Pasuruan tumingal | yèn gustine palayune agêndri[24] | amangilèn purugipun | kalawan rabinira | bala Pasuruan sadaya mêmisuh | tumênggung kêna ing lanat | têka angapus-apusi ||
28. sakèhe wong Pasuruan | sami wangsul angrêbut anak rabi | wadya Mataram andulu | anulya tinututan | pan kacandhak sajawine kuthanipun | mapan sami tinubakan | wong Pasuruan kèh mati ||
29. wus ainêb lawang kitha | kawarnaa sêmana bangun enjing | wong Mataram ngrampid sampun | samya angrangsang kutha | Pasuruan Jêmungah ing bêdhahipun | jroning kutha awurahan | gumuruh syaraning tangis ||
30. wong Mataram anjêjarah | pan sêdaya jinarah datan kari | pawèstri binayong mêtu | kutha nulya ingobar | pawèstrine Pasuruan sampun dinum | Ki Tumênggung Kapulungan | palayune dèn tututi ||
31. ing Badhong dènnya kacandhak | Ki Tumênggung Kapulungan ningali | wadya Mataram yèn nusul | kudanira kinêtab | pan kajêblog kudanira nulya rubuh | kyai tumênggung malumpat | malèsèd tiba ing siti ||
32. palayune kêkadhalan | rabinira têtiga kari
--- [f. 283v] ---
[...]
--- [f. 284r] ---
[...]
--- [f. 284v] ---
siji | kêkalih kang sami kantun | kacandhak wong Mataram | miwah kudanira pan sampun karêbut | Ki Kapulungan binêdhag | lumayu aniba tangi ||
33. anusul ing galagahan | sêsambate dhuh bojo aku mati | awak ingsun têka lêsu | kaya arêpa mangan | ngudubilah setan dene nora urus | amburu amrih kacandhak | têka nora dèn wêlasi ||
34. wadya Mataram kelangan | nulya mundur mung rabine kang kari | binêkta lan kudanipun | wus prapta pamondhokan | sampun katur dhumatêng bupatinipun | prasamya andum jarahan | sakèhe para dipati ||
35. Ki Arya Jayasupănta | sampun bubar sawadyane rumiyin | kang pitungkas sang aprabu | prapta ing Jurangpalwa | arêrangkah anèng ing Jurangparau | wong Mataram sampun bubar | liwat nora dèn sukani ||
36. sakèhe para dipatya | ingkang ngiringakên boyongan sami | sampun ingaturan wêruh | yèn Arya Jasupănta | arêrangkah tugur ing Jurangparau | gêgaman tan sinung liwat | samya lêgêg pra dipati ||
37. Adipati Martalaya | aris mujar kadipundi puniki | Jasupănta sadyanipun | wontên ing Jurangpalwa | wong Mataram datan sinung lumaku |[25] Kangjêng Pangeran Purbaya | ya ta angandika aris ||
38. manira nora kaduka | yèn anaa karsa dalêm ing
--- [f. 285r] ---
nguni | Jasupănta kinèn bantu | maring ing Pasuruan | pêsthi ana kang timbalan duk rumuhun | Dipati Mandura mujar | paran sadyane puniki ||
39. têka angadhangi dalan | nêkakakên ing jaman nora bêcik | sampun kathah kang winuwus | anêdha tinarajang | Jêng Pangeran Purbaya ngandika asru | ki raka Mandurarêja | pakanira sun tuturi ||
40. Ki Arya Jayasupănta | ora wani karsane pribadi |[26] iku paduganingsun |[27] karsane sri nalendra | Jasupănta atugur Jurangparau | angadhangi wong Mataram | kaya pa gènira wani ||
41. nahing anggèr ing Mataram | kang atugur Jurangpalwa puniki | Kyai Mandura kaduwung | gènira darbe ujar | Ki Ngabèi Singawêcana[28] angrungu | sakèhe wicaranira | anulya bubar rumiyin ||
42. Ngabèi Singawêdana | prapta Jurangpalwa wus kapanggih |[29] Arya Mandura tinutur | lamun arsa angrunjang | Kyai Arya Jasupănta amuwus |[30] punapa marmane gagal | nora ngrunjang iku wingi ||
43. lah ta wruhanira kakang | ingsun tugur anèng Jurang puniki | kang sun ănta ujar iku | Arya Jayasupănta | nulya bubar sangking ing Jurangparau | wong Mataram samya liwat | lumaris dhatêng Matawis ||
44. Jasupănta sampun prapta | ing Mataram katur sasolahnèki | kang awon sae wus katur | kangjêng sang sri nalendra | tan antara nulya prapta ingkang ngluruk | ngaturakên bêboyongan | langkung suka sri bupati ||
--- [f. 285v] ---
45. datan kawarna ing laminya |[31] sri nalendra enjing miyos tinangkil | Ki Tumênggung Singaranu | umatur awotsêkar | ulun mirsa pun paman Pajang sang prabu | abêbesanan wong Tuban | angandika sri bupati ||
46. apa ingkang winicara | măngsa paman yèn asêdyaa balik | Arya Jasupănta matur | rumiyin Pasêdhahan | Adipati Mandurarêja yun nêmpuh | anêrak dhatêng kawula | angandika sri bupati ||
47. măngsa ta yèn mangkonoa | kae paman Mandura ingkang karsi | sang nata jêngkar ngadhaton |[32] kocapa Ki Mandura | autusan marang ing Pajang puniku | sarta binêktanan surat | datan kawarna ing margi ||
48. lampahira kang utusan | sampun prapta nagari Pajang nênggih | anulya awêling atur | maring kang tunggu lawang | sampun katur yèn wontên utusanipun | raka Dipati Mandura | Dipati Pajang gya mijil ||
49. ingkang duta pinanggihan | nulya marêk angaturakên tulis | Dipati Pajang anambut | nawala tinampanan | dyan binukak winaos sinukmèng kalbu | têmbunging surat kawangwang | gènnya maos tan kawijil ||
73. Mijil
1. pèngêt ingkang surat Adipati | Mandurarêja wong | dhumatênga ing yayi Pajange | ingkang sampun antuk sih Yang Widi | layan kangjêng nabi | ing sapangatipun ||
2. lan kang barkat sabat catur nênggih | miwah barkat kang wong | para wali kang
--- [f. 286r] ---
anèng Jawine | ingkang antuk barkat lêluwuring | ulun têdhèng Widi | panjanga kang umur ||
3. sasampune salam donga prapti | mring yayi awiyos | ulun pitakèn marang dhewene[33] | yèn satuhu yayi karsa balik | dhatêng ing Matawis | mangke usumipun ||
4. jêngandika binjing yèn ajurit | amêsah sang katong | pun kakang ngamuk sangking wurine | sampun kirang pracaya ing galih | andêlêna yayi | ing benjing yèn campuh ||
5. sampun têlas bêbukaning tulis | saèsthi kang raos | kawrat sadaya anèng surate | Sang Dipati Pajang ngandika ris | sang duta sirèki | matura anuwun ||
6. apa kakang nora anyidrani | ing binjing parêmpon | kang utusan asangêt ature | kadi botên rakanta nyidrani | dipati nêbda ris | muliha karuhun ||
7. lan matura mring kakang dipati | yèn antuk marga ngong | pêsthi balik amungsuh sang katong |[34] anging kakang ayya nêniwasi | utusan apamit | sigra lampahipun ||
8. sampun prapta ing ngarsaning gusti | duta turira lon | inggih èstu rinta pambalike | angantosi margane ing binjing | nuntên mangsah jurit | nêngêna rumuhun ||
9. kang kocapa sang natèng Matawis | sineba ponang wong | sri nalendra aris timbalane | ingsun mirsa ana jaran bêcik | kaloka yèn luwih | Si Domba ranipun ||
10. mantri gandhèk sun duta
--- [f. 286v] ---
dèn aglis | lawan mantri anom | maring Pajang pundhutên jarane | paman Tambakbaya sun timbali | kang kinon wotsari | sigra lampahipun ||
11. sampun prapta nagri Pajang aglis | utusan sang katong | Dipati Pajang duk sinebane | nanging Tambakbaya dèrèng nangkil | mantri gandhèk kalih | asru wuwusipun ||
12. pakanira tămpa andikaning | kangjêng sang akatong | kinon amundhut marang jarane | Tambakbaya pun Domba namèki | dipati turnya ris | sanès darbe ulun ||
13. mangke kula undange rumihin | sang dipati kinon | animbali mring Tambakbayane | lan jarane ginawaa mriki | utusan wus prapti | anèng wismanipun ||
14. jêngandika ingandikan aglis | rakanta kang kinon | ingkang sarta bêktaa kudane | kinarsakkên sang natèng Matawis | Tambakbaya angling | rêngu ing pandulu ||
15. abah-abahana dipun aglis | Domba kudaningong | abah-abah agêm kang ginawe | sasampune dipun kêkapani | mundhutana sari | Tambakbaya mêtu ||
16. wus anitih kuda sarya angling | eman kudaningong | singa ingkang nunggangana kiye | eman têmên Tambakbaya urip | manawa wus mati | ucul kudaningsun ||
17. sampun prapta paseban alinggih | dipati lingnya lon | jaranira pinudhut sa katong |[35] timbalane [timba...]
--- [f. 287r] ---
[...lane] arsa dèn tingali | aturêna yayi | aji pira iku ||
18. Tambakbaya angganjêl kang galih | wêkasan lingnya lon | yèn kapundhut pun Domba yaktine | lêhêng rabi sumăngga nêrpati | tan ngraos darbèni | kuda nora asung ||
19. sarwi mundur Tambakbaya aris | nitih kudanya lon | amêmanas mring prayayi gandhèk | kudanira èbège ginitik | pun Domba anyirik | nulya nyandhak lawung ||
20. dènnya têgar kudanya maliwir | sarwi angling alon | dene eman si Domba ilange | lamun maksih Tambakbaya urip | singa kang nitihi | mangnawa[36] wus lampus ||
21. Tambakbaya kulite jiniwir | sarwi angling alon | kulit ingsun kaya iki age | ing sasasi yèn karyanên jurit | amusuh Matawis | kaya ingsun purun ||
22. sarya angikal watang kumitir | rêrêgnya kaprabon | pan asangêt molahkên awake | amêmanas utusan nêrpati | merang aningali | duta nata mantuk ||
23. sêsandêran lampahira aglis | Mataram kadhaton | sampun prapta umarêk sang natèng | duta kalih sarêng awotsari | aturira aris | kawula anuhun ||
24. panduka utus mring Pajang gusti | mundhut kudanya wong | Tambakbaya pun Domba wastane | botên suka kapundhut sang aji | amêmanas ati | saure ing wuwus ||
25. ya ta katur sasolahing nguni | têmbunge wiraos | miwah Tambakbaya [Tamba...]
--- [f. 287v] ---
[...kbaya] pangucape | sadaya katur ing sri bupati | tan kirang tan luwih | duka sang aulun ||
26. sri nalendra akarsa tinangkil | pêpêk wadyanyang[37] wong | sêmu duka sang nata wiyose | tingalira lir surya duk mijil | kumêdud kang lathi | muka sumung-sumung ||
27. jaja abrit kadya wora-wari | wadya samya anon | yèn sang nata beda pasêmone | sami konjêm kang para bupati | datan darbe urip | mantri punggawa gung ||
28. angandika sang sri narapati | kabèh wadyaningong | miwah punggawaningsun sakèhe | padha anguculêna prajurit | wisayanên aglis | padêdesanipun ||
29. boyongana kabèh aja kari | yèn abăngga kang wong | patènana padha wong lanange | wadya Mataram samya wotsari | sadaya nglampahi | andika sang prabu ||
30. wus lumampah kang para prajurit | wong Pajang binayong | padêdesan kagegeran kabèh | ingkang băngga samya dèn patèni | wong desa angili | mring jro kuthanipun ||
31. kang kacandhak samya dèn bayongi | sakèhe ponang wong | sampun têlas kang kidul desane | wus binakta dhatêng ing Matawis | ing Pajang kawarni | adipatinipun ||
32. wus apêpêk gêgamaning jurit | kang wadya cumaos | Tambakbaya pêpêk sabalane | kajinêmanira dèn bêbisik | myang para prajurit | wutah dananipun ||
--- [f. 288r] ---
74. Asmaradana
1. wong Pajang sampun abaris | pêpêk wadyabalanira | Ki Dêmang Jagaragane | kinarya gêdhik manggala | ênêngêna ing Pajang | kawarnaa sang aprabu | ing Mataram sinewaka ||
2. sampun apêpêk kang baris | wadyabala ing Mataram | asri tinon gêgamane | kang para bupati aglar | asaos ing ngayunan | angandika sang aprabu | lah paman Arya Mandura ||
3. pakanira sun pasrahi | wong Mataram tidhihana | yèn anglèlèd ta jurite | pakanira patènana | lan uwa Purubaya | pun paman Juminah tumut | lan dipati ing Sumêdhang ||
4. lan si paman Tanpanangkil | puniku sami ngiringa | dadia ing pangawate | Dipati Mandurarêja | ngrasa lamun kewuhan | dene kinarya pêpaku | anidhihi wong Mataram ||
5. dhingin pan sampun ajangji | kalawan Dipati Pajang | mila kèwêdan manahe | yèn ta ora nglakonana | sangêt sihe sang nata | wong apa kang kaya ingsun | yèn tan arsa nglampahana ||
6. sampun bubar ingkang baris | Mandura angirit lampah | tan kawarna ing margane | wus prapta nagara Pajang | sampun ayun-ayunan | kang dadya pangawitipun[38] | adipati ing Sumêdhang ||
7. punika pangawat kèri | lawan Pangeran Juminah | samya prajurit kinaot | kang dadya pangawat kanan | Jêng Pangeran Purbaya | ingkang rayi kanthinipun | anênggih Pangeran Dêmang ||
8. Dipati Pajang abaris | anèng sajawining kitha | Tambakbaya nèng têngêne | Ki Dêmang ing Jagaraga | dadya pangawat kiwa | dipati miyarsa sampun | yèn Mandura ngirit lampah ||
9. dadya lêga [lê...]
--- [f. 288v] ---
[...ga] ingkang galih | dening sanggupe ing kina | angrewangi ing jurite | ing dalu wuwusên ejang[39] | gêgamane malatar | ajêng-ajêngan pan sampun | wong Pajang lan wong Mataram ||
10. kang têngara nulya muni | aglis campuh kang ayuda | Dipati Tambakbayane | narajang wadya Sumêdhang | Jêng Pangeran Juminah | têngara sigra anêmpuh | wong ing Pajang kathah pêjah ||
11. Dipati Sumêdhang kanin | sawadyane kathah pêjah | Ki Tambakbaya musuhe | têguhe kagila-gila | pangeran ing Juminah | uninga sigra têtulung | sawadyane anarajang ||
12. Tambakbaya dèn kathahi | kinarutuk ing sanjata | atêguh têkan jarane | mapan kêkathahên lawan | kalindhih sampun nunggal | dipati ing Pajang ngupul | sadya narajang ing têngah ||
13. apan arsa angyaktèni | jangjine Arya Mandura | sigra anarajang age | Panêmbahan Purubaya | amarakakên wadya | Dipati Mandura kerut | wus suwe ingkang ubaya ||
14. arame têmpuhing jurit | kang surak kadya ampuhan | Ki Dêmang Jagaragane | pangamuke katadhahan | musuh Pangeran Dêmang | wong Pajang kathah kang tatu | prajurite kathah pêjah ||
15. Dipati Pajang ngawaki | nanging kêkathahên mêsah | Tambakbaya pangamuke | kinarubut ing prawira | Tambakbaya wus sayah | kalindhih nulya lumayu | tur sarwi angudhat-udhat[40] ||
16. Ki Mandura dèn pisuhi | dening anyidrani ujar | wong Pajang angucap kabèh | Ki Mandura kaningaya |
--- [f. 289r] ---
angur aja sanggupa | wong Mataram padha ngrungu | ginarit anèng wardaya ||
17. Ki Mandura witing kardi | sakathahe wong Mataram | saya sangêt pamburune | Dipati Pajang lumajar | lawan Ki Tambakbaya | angampiri garwanipun | binoncèngakên ing kuda ||
18. pan asru dipun tututi | palayune sêsandêran | andrawili sêsambate | bojo dèn kukuh cêkêlan | manawi sira tiba | saya parêk ingkang buru | Ki Tambakbaya mèh tiba ||
19. tumurun sangking turanggi | kudane nulya tinilar | sarwi angling mring rabine | jaran iki kang wisuna | yèn ora tininggala | yèn turut saparan ingsun | mari-mari yèn kacandhak ||
20. sampun prapta ing Samanggi | aglis anumpak baita | wong têtiga sampun amot | Ki Ngabèi Jagaraga | lan Arya Tambakbaya | Dipati Pajang nèng ngayun | lampahnya adhêdhayung |[41]|
21. wong Mataram dyan amanggih | kuda kang aran pun Domba | jaran têtiga rowange | mundur wadya ing Mataram | wong Pajang binoyongan | jinarah sadarbenipun | binêkta dhatêng Mataram ||
22. wus dèn tanahakên sami | parane Dipati Pajang | mring Surabaya jujukge[42] | wong Mataram nulya bubar | wus prapta ing Mataram | gêgaman nèng alun-alun | sri nalendra sinewaka ||
23. anulya katur sang aji | kuda kang aran pun Domba | kalawan wong jro dalême | jarahan katur sadaya | sang nata langkung suka | Dipati Pajang dinangu | ing ngêndi kang jinujuga ||
24. wadya matur awotsari [a...]
--- [f. 289v] ---
[...wotsari] | nênggih dhatêng Surapringga | katiga nugil puruge | sring nalêndra angandika | sarupane wong Pajang | kalumpukêna sadarum | sun dume kang padêdesan ||
25. maring kang ngêntasi kardi | ing Pajang cacah salêksa | iku salêbak wukire | sri nalendra angandika | Dipati Martalaya | sira sun kongkon anglurug | lan Arya Jayasupănta ||
26. padha acawisa dhingin | sadadananing ayuda | wong sèwu nubakabare[43] | wong bumija acawisa | lan sira utusana | mring Pathi awèha wêruh | yèn sira nglanggar mring Tuban ||
27. wus jêngkar sri narapati | kondur dhatêng dalêm pura | tan kawarna ing lamine | wong Mataram asiyaga | Adipati Sangntênan[44] | wus caos sawadyanipun | anganti bala Mataram ||
28. injing sang nata tinangkil | pêpêk ingkang wadyabala | samakta sagêgamane | Adipati Martalaya | lan Arya Jasupănta | tampi timbalan sang prabu | Martalaya awotsêkar ||
29. Jayasupănta tur bêkti | sang nata aris ngandika | dèn prayatna ing lakune | mantri samya atur sêmbah | bubar sangking ngajêngan | wadyabala sampun kumpul | gêgaman nulya lumampah ||
30. datan kawarna ing margi | wus prapta jajahan Têtuban |[45] Dipati Pathi wus amor | kalawan wadya Mataram | wong Tuban kagegeran | wong desa sami lumayu | angungsi sajroning kutha ||
31. Dipati Tuban kawarni | amiyarsa musuh
--- [f. 290r] ---
prapta | wus lumampah utusane | minta bantu ing bang wetan | Dipati Surabaya | sigra putusan abantu | adipati ing Sanjata ||
32. prajurit ngungsi kariyin | lorotdan[46] sangking ing Pajang | Dêmang Jagaraga rane | jinungjung lênggah dipatya | ingkang aran Sanjata | punika kang kinèn bantu | atulung Dipati Tuban ||
33. Tambakbaya kinèn ngiring | gêgamaning Surabaya | sampun prapta ing Tubane | kocapa wadya Mataram | sampun apamondhokan | sakiduling kuthanipun | wong Pathi sakulon kutha ||
34. ya ta lumampah kang baris | wong Mataram ngrangsang kutha | gumêrah bala syarane | arame ababêdhilan | wong Tuban amêlatar | prajurit prayatnèng kewuh | mariyêm nulya pinangsang[47] ||
35. awasta pun Sidamurti | kang siji aran pun Gêlan[48] | anulya sinulêd age | pun Sidamurti punika | tugêl dados têtiga | dening pun Gêlap wus rêmuk | gêgêtun Dipati Tuban ||
36. tugêle pun Sidamurti | lawan rêmuke pun Gêlap | pan kinarya têngêrane | wasiyate kuna-kuna | yèn pêcah kang sanjata | pêsthi tunon bela lêbur | datan ana jayanira ||
37. kang yuda kasaput wêngi | amondhok wadya Mataram | Dipati Tuban ling tyase | nadyan ingsun ajurita | kaya pa yèn mênanga | wasiyat sanjata rêmuk | wadya Mataram akathah ||
38. pinarak ing dalêm puri | lawan ingkang para garwa | lêsu lupa sarirane | Dipati Tuban ngandika | garwaningsun [garwaningsu...]
--- [f. 290v] ---
[...n] sadaya | padha dadana dèn gupuh | aja kari anakira ||
39. rajabrana ingkang adi | ingkang ringkês gawanana | aja lali sêsangune | bok katêlarak ing marga | kang garwa sampun dandan | Sang Dipati Tuban muwus | animbali panakawan ||
40. angandika sang dipati | padha atêtabuhana | ing paseban dèn arame | dêdimone wadya Tuban | kukuh gèning malatar | ingsun mêngko dalu ngamuk | sampun muni kang gamêlan ||
41. sarêng wayah têngah wêngi | lalos Sang Dipati Tuban | sarta anak lan rabine | arame ponang gamêlan | syarane giyak-giyak | Dipati Tuban wus mêtu | miyos anèng bêbutulan ||
42. wus prapta pinggir pasisir | lajêng anupak baita | nulya binabar layare | mangetan ingkang sinadya | dhatêng ing Giri Liman | ênêngna kang anèng laut | kocapa kutha ing Tuban ||
43. samana wayah wus enjing | wong Tuban samya malatar | kang panakawan arame | sakeca dènnya gamêlan | gumêrah ing paseban | samya egar wadyanipun | dèn sênggih gustine ana ||
44. ingkang sami magut jurit | wadyabala kang malatar | wêruh yèn suwung gustine | anulya sarêng lumajar | arêbut somahira | mangalor palayunipun | sami rêbatan baita ||
45. wong wadon pating jalêrit | suwarane tangis umyang | kang kapisah [ka...]
--- [f. 291r] ---
[...pisah] lan bojone | ana kang kelangan anak | sami abilulungan | wênèh rame rêbut prau | kocapa wadya Mataram ||
46. sadaya sampun udani | yèn suwung kutha ing Tuban | dipati suwe lungane | tan antara linêbêtan | jroning kitha gumêrah | binoyongan èstrinipun | jinarah kang rêjabrana[49] ||
47. sampun têlas dèn bayongi | nulya bubar wong Mataram | tan kawarna ing margane | prapta ing nagri Mataram | sang nata duk sineba | gumrêrah[50] gêgaman agung | kang saking amangun yuda ||
48. Dipati Martalayèki | lan Arya Jayasupănta | ngaturakên boyongane | lan sakèhe parabrana[51] | kang saking nagri Tuban | sêdaya katur sang prabu | sri nata kalangkung suka ||
75. Sinom
1. sri nalendra anggêganjar | mring wadya kang lagya prapti | wêrata para punggawa | Arya Jasupănta nênggih | sampun jinungjung linggih | jinênêngakên tumênggung | masuwur ing Mêtaram | wadyabala angèstrèni | ing jênênge Tumênggung Sujanapura ||
2. sang nata kundur ngadhatyan | ya ta ing alami-lami | angalih kadhaton Karta | dhahar dalêm pêlêm adi | maring Karta ingalih | prayayi Giri kang rawuh | sinung jênêng ing Tuban | sang adipati ing Pathi | pan aseba ambêkta putra sagraha ||
3. sampun aganti sawarsa | Ki Karta sinitiinggil |
--- [f. 291v] ---
sri nalendra siniwaka | pêpêk wadya ing Matawis | sang nata ngandikani | Sujanapura Tumênggung | lah sira adandana | ingsun utus anglurugi | dèn prayitna bêdhahên nagri Madura ||
4. wong Mataram tindhihana | sira dadi senapati | lan wong pasisir sêdaya | sira adua ngajurit | Dêmak lawan ing Pathi | lawan Tumênggung ing Kudus | Kaliwungu ing Kêndhal | ing Batang lawan Sêmawis | Pakalongan ing Lasêm miwah Juwana ||
5. Wiradesa lan Pamalang | Barêbês nagari Têgil | wong Carêbon lan Sumêdhang | padha adunên ing jurit | ngandika sri bupati | mring Tumênggung Singaranu | sira aputusana | sakathahe wong pasisir | patêmonana ing Badholèng ngantènana |[52]|
6. Tumênggung Sujanapura | lawan mantri kang panumping | sarêng dènnya awotsêkar | sèwu numbakanyar bumi | wus samêkta ing jurit | gêgaman bubar rumuwun | samantri sowang-sowang | anindhihi ingkang baris | tiningalan lir pindah giri pawaka ||
7. datan kawarna ing marga | lampahe wadya Mêtawis | prapta Badholèng atata | sakèhe wadya pasisir | sêdaya samya prapti | mêpêk sakathahing prau | ingkang jaga caosan | wawratan bala Mêtawis | Ki Tumênggung Sujanapura ngaturan ||
8. nênggih kang palwa [pa...]
--- [f. 292r] ---
[...lwa] lêlanang | punika kang dèn titihi | nênggih kang para bupatya | wus nitih baita sami | sakèhe wadya alit | wus anunggang ing pêrau | sadaya babar layar | tinon lir pêksi tumiling | aning laut kadya kuntul arêratyan ||
9. nêngêna kang anèng samodra |[53] kocapa sri narapati | ing Mataram aputusan | mring nagara Surawèsthi | mapan kinèn ngawali | pinrih aja kangsi tulung | mring nagara Mandura | Alap-alap wus lumaris | kanthinira Ki Ngabèi Katawêngan ||
10. wus prapta ing Surabaya | dèn sêsiyung kang nagari | wong ciline kagegeran | samya ngungsi jro nagari | dadya ing Surawèsthi | ing mangke nora têtulung | mring nagara Mandura | anjaga kutha pribadi | kawarnaa wadya kang anèng lautan ||
11. wus angungang ing Madura | prapta pinggiring kêkisik | kawarnaa wong Madura | pêpêk anèng ing pasisir | prasamya anjagani | wong Mêtaram inggahipun | sampun ayun-ayunan | arame bêdhil-binêdhil | syarane kang surak lir pindah ampuhan ||
12. wong Mataram karepotan | tan antuk papaning jurit | singa mara mara pêjah | ingkang mundur tawan kanin | nanging wadya Mêtawis | amêksa angukih purun | amêksa katadhahan | dènnya pêrang sampun lami | kawarnaa wong Madura parêmbagan ||
13. wêsta Dipati Kasindran [Kasi...]
--- [f. 292v] ---
[...ndran] | Sumênêp lan Arisbanggi | ing Balega Pakacangan | sami agunêm ing wêngi | Dipati Sampang angling | kadipundi karsanipun | sakèh para dipatya | ing yudane wong Mêtawis | sampun tita botên năngga wong Mandura ||
14. yèn sêmbada ingkang karsa | dimèn munggah wong Mêtawis | yèn sampun minggah ing dharat | nêdha sami ngantêp jurit | lamun tiwas saiki | pêsthi tumpês dening banyu | puniku babarpisan | kapok nora mangsah malih | wong Mêtaram prinrih[54] tumpês babarpisan ||
15. kang para dipati rêmbag | wis ingundhangakên sami | adipati ing Kasindran | karêmêne dèn rasani | munggahe wong Matawis | inganti pijêr cêcatur | dèn wani têlasira | ya ta Bupati Matawis | sampun rêmbag anêdya munggah ing dharat ||
16. samya minggirakên palya | prajurit arêbut dhingin | tan ana sabawanira | polahe wadya aririh | prajurit ngati-ati | prapta ing dharatan sampun | gêgamane tinata | wus pêpêk kang wadya alit | sami prapta aglar anèng ing dharatan ||
17. sêmana bangun raina | antuk papan wong Matawis | ing pasisir kaèbêkan | dening kang wadya Mêtawis | bêdhil sampun miranti | kalataka anèng ngayun | lela lawan anakan | nêngêna kang nata baris | kawarnaa wong Kasendran lan Madura ||
--- [f. 293r][55] ---
18. sarêng wayah bangun rina | kajinêman tur udani | yèn mêsah minggah sadaya | Dipati Mandura angling | iya dimune ênting | sun tutugêne acatur | sokur kabèh mêntasa | yèn wong Mataram wus ênting | nora wurung wong Mataram akèh răndha ||
19. matur malih kajinêman | ingkang mêngsah adhatêngi | kang wadya dèrèng atata | pijêr anganti ing gusti | nora nyana ing mangkin | wong Mataram minggah dalu | dadya gugup kang wadya | pati-pati cêcandhaki | wong Mataram bupatine anèng ngarsa ||
20. mangkana malih Madura | bupati samya ngawaki | anidhihi wadyanira | dipati sakawan kait | sadya ngantêp ing jurit | prajangji sarêng angamuk | nanging wong Pamêkasan | datan rêmbak ngantêp jurit | sadyanira lêbura anèng jro kitha ||
21. anging Dipati Risbaya | Balega Samênêp wani | arêmbuk lawan Madura | dènnya catur dèn sampuni | nulya mangsah ngajurit | têngara sigra anêmpuh | surak bala gumêrah | awor ombaking jêladri | prajurite Madura ngamuk sadaya ||
22. arame campuhing yuda | kapanggih sami prajurit | wong Mataram sarêng mara | dipatine angawaki | miwah[56] ingkang prajurit | ing pasisir sarêng nêmpuh | pêtêng têngah ngayunan | dening kukusing kang bêdhil | wong Mandura tan ana samya mundura ||
76. Durma
1. prajurite wong Madura anêrajang | aran pun Jayapati | polahe [pola...]
--- [f. 293v] ---
[...he] lir singa | anunjang parampogan | wong Mataram anadhahi | pan sampun pêjah | ana prajurit malih ||
2. anêrajang awasta pun Jayèngkara | lawan pun Jayèngpati | lawan Jayèngrana | lawan Suradilaga | kalima pun Surèngpati | lan Jayabrata | Ki Răngga Gobag-gabig ||
3. Dêmang Minying lawan Ki Nanguk Balulang | lan Răngga Gêdhag-gêdhig | lawan Dêmang Latah | Ngabèi Cukakakan | lawan Răngga Thona-thani | Ki Pragejegan | lan Dêmang Golang-galing ||
4. sarêng nêmpuh prajurit tumpês sadaya | kang mara mara mati | mundur tawan brana | Sang Adipati Sampang | yudane anguciwani | mundur sakala | binuru wong Mêtawis ||
5. wong Madura akathah mati kènêban | dipatine angisis | anulya lumajar | Adipati Kasendran | Dipati Sumênêp gêndring | lawan Balega | sampun malik kulambi ||
6. Arisbaya palayune kêkadhalan | wong Mêtaram nututi | nanging Pamêkasan | muwêr ing kuthanira | sumadya angantêp jurit | sajroning kutha | rabi dèn ajak mati ||
7. wadyabala Mataram sami bêbandhang | sampun laju
--- [f. 294r] ---
kang baris | dalu masanggrahan | ing padêdesan Sampang | kocapa Sang Adipati | Sampang putusan | mring pondhok wong Mêtawis ||
8. katur marang Tumênggung Sujanapura | utusan dèn timbali | prapta atur surat | anulya tinampanan | binuka sinukmèng galih | sungkêm kawula | Dipati Sampang nênggih ||
9. kaatura Dipati Sujanapura | kang minăngka sêsilih | kangjêng sri nalendra | senapatining yuda | angrèh ing para bupati | pinaring wênang | wasesa karya pati ||
10. wiyosipun ulun dèn kawulakêna | ing pada sri bupati | ingkang ananggêla | awon sae kawula | sênajan dhatêng ing pati | dunya ngakerat | tan sadya malih kapti ||
11. langkung suka Tumênggung Sujanapura | mirsa têmbunging tulis | aglis kang putusan | pinisalin kalihan | matura marang si adhi | dipun pracaya | aja sumêlang galih ||
12. nulya wangsul kang putusan sigra prapta | katur sasolahnèki | Dipati Madura | kalangkung bungahira | warnanên wadya Matawis | Sujanapura | Pamêkasan rinampit ||
13. Ki Tumênggung Sujanapura tumingal | yèn balane kèh mati | sigra anarajang |
--- [f. 294v] ---
angawaki prayănggya[57] | lawange[58] kang dèn wêdhungi | wadya Makasan | prasamya ambêdhili ||
14. datan kandhêg dènira amadung lawang | sampun bêdhah kang kori | wadya Pamêkasan | samya mantêp sadaya | anulya têmpuh kang jurit | asanglin[59] tumbak | wênèh asalin kêris ||
15. wong Mêkasan pangamuke kadya yêksa | singa katrajang gisis | wadya ing Mêtaram | pangamuke manêngah | arame ingkang ajurit | mungsuh lan rowang | akathah ingkang mati ||
16. Ki Tumênggung Sujanapura nêrajang | wong Mêkasan kèh mati | Dipati Mêkasan | awas dènnya tumingal | sigra tinarajang aglis | suraking bala | kadya rubuh kang langit ||
17. Ki Tumênggung Sujonapura tinumbak | sigra nulya tinangkis | putung watangira | Dipati Pamêkasan | anulya dipun larihi | tangkis curiga | tugêl watang apalih ||
18. ki tumênggung sigra anarik curiga | sampun asalin kêris | Dipati Mêkasan | sinuduk jajanira | wêtara pasah sanyari | amalês sigra | anuduk sarya lali ||
19. Ki[60] Tumênggung Sujanapura wagata[61] | sêsalange kang kari | sakuku watara | ludira nora mêdal | nulya kasaput ing wêngi | mundur kang yuda | kalih anandhang kanin ||
20. Adipati Pamêkasan sampun pêjah | anèng sajroning puri | Ki Sujanapura | pêjah amasanggrahan [amasang...]
--- [f. 295r] ---
[...grahan] | wadya Mataram atintrim | kang kawarnaa | sang dipati ing Pathi ||
21. sampun prapta gêgamane wong Santênan | nanging kari ing ardi | tan mênangi karya | ya ta amasanggrahan | miyarsa lamun ngêmasi | Sujanapura | sigra Dipati Pathi ||
22. undhang-undhang dhatêng kang wadya Mataram | miwah wadya pasisir | aja na wong obah | patine Janapura | ingsun ingkang anggêntèni | angirid lampah | wong Mataram pasisir ||
23. kawarnaa injing anêmbang têngara | mangsah kanan lan kèri | wong ing Pamêkasan | kang anèng jroning kitha | kang wadya sadaya tintrim | gustine pêjah | mila kêmba kang jurit ||
24. wus malêbêt prajurite wong Santênan | wong kutha akèh mati | anungkul sadaya | bongkok waos sênjata | wong wadone dèn boyongi | bandhusarira[62] | dipati wus kapanggih ||
25. garwanira sampun binoyong sadaya | miwah kang para sêlir | tangisnya gumêrah | wong dalêm awurahan | wus samya binêkta mijil | ing wong Santênan | kalawan wong Matawis ||
26. wong Madura sampun sami binoyongan | Sumênêp Arisbagi[63] [A...]
--- [f. 295v] ---
[...risbagi] | nanging nagri Sampang | tan mawi binoyongan | dening wis têluk rumiyin | dipatinira | kang ngaturakên bêkti ||
27. Adipati Arisbaya wus anabrang | angungsi dhatêng Giri | Samênêp Dipatya | kacêkêl wus binănda | anulya dipun patèni | natèng Balega | binêkta mring Matawis ||
28. sampun bubar sang dipati ing Santênan | miwah wadya Matawis | pasisir sadaya | sampun numpak ing palwa | ambabar layar pan sami | datan kawarna | sapraptaning Garêsik ||
29. adipati ing Mandura atut wuntat | seba dhatêng Matawis | kangjêng sri nalendra | kang sinêmbah ing Mataram |[64] sampun ngaturan upêksi | Sujanapura | yèn sampun angêmasi ||
30. adipati ing Balega wus kabănda | Sumênêp dèn pêjahi | Dipati Mêkasan | campuh lan Janapura | Arisbaya ngungsi Giri | sri naranata | gagêtun jroning galih ||
31. Adipati Balega wus ingutusan | aglis kinèn mêjahi | anulya kapapag | Jurangjêro pêrnahnya | sêmana dipun suduki [su...]
--- [f. 296r] ---
[...duki] | sampun palêstra | pinêtêk ingkang jisim ||
32. sampun prapta wong ing Mataram sadaya | jajahaning Matawis | pan dadi tontonan | gêgamaning Santênan | lawan gêgaman Matawis | ngaksi mandrawa | lir kadya wukir sari ||
33. sampun prapta sajroning kutha Mataram | sri nalendra tinangkil | pêpêk kang punggawa | ingkang anglurug prapta | sang adipati ing Pathi | saos ing ngarsa | umatur awotsari ||
34. ngaturakên sakathahe bêboyongan | miwah sira Dipati | Mandura kabêkta | caos ing pangurakan | ngantosi bala nêrpati | sigra ngandika[65] | datan adangu prapti ||
35. langkung suka galihe sri naranata | sang nata ngandika ris | dipati ing Sampang | sira sun aku anak | Dipati Sampang ngabêkti | langkung jrihira | muka konjêm ing siti ||
36. wus ginanjar ing wau Dipati Sampang | miwah Dipati Pathi | sinungan kêncona | busana ingkang pendah | miwah mantri [ma...]
--- [f. 296v] ---
[...ntri] ing Mantawis | samya ginanjar | wêrata agêng alit ||
37. langkuh sihe sang adipati ing Sampang | kangjêng sri narapati | kundur angadhatyan | pinêthuk para graha | pinarêk sajroning puri | sarta ingayap | sakèhe para manis ||
77. Dhandhanggula
1. tan kawarna laminira mangkin | sri nalendra miyos sinewaka | pêpêk para punggawane | wontên kawulanipun | sri nalendra wastane rèki | nênggih pun Gêniroga | jinungjung kang luguh | Ki Tumênggung Endranata | amisuwur wadyabala ing Mêtawis | ngèstrèni ingkang karsa ||
2. sri nalendra angandika aris | Manguonêng sira angluruga | mring Surabaya dèn age | sakèhe wadyanisun | mapan sira ingkang nindhihi | Mangunonêng tur sêmbah | lan sakancanipun | Ki Ngabèi Katawêngan | miwah Dêmang Yudaprana atur bêkti | lèngsèr saking ngayunan ||
3. sampun bubar saking ing Matawis | sami bantu [ba...]
--- [f. 297r] ---
[...ntu] sakèhe punggawa | tan kawarna ing lampahe | prapta ing Japan sampun | ing Têrucan kang dèn pondhoki | bêngawan sinangkrahan | pan sarwi binêndung | kang mili ing Surabaya | ingurugan bêbathang lan kolang-kaling | dadya wong Surabaya ||
4. norana toya kang binukti |[66] singa ingkang ngumbe dadi lara | awatuk dadi patine | mantri samya arêmbug | wênèh ana kang arêp jurit | wênèh ngajak nungkula | sadaya wus katur | mring Dipati Surabaya | sinewaka yèn ing sakèh para mantri | ngabèi lawan arya ||
5. para tumênggung miwah dipati | pêcattăndha răngga lawan dêmang | anangkil ing ngarsa kabèh | sadaya sarêng matur | kang saparo angajak jurit | saparo anungkula | kèmêngan tyasipun | Adipati Surabaya | Tambakbaya kang tansah angajak jurit | malaku dèn abêna ||
6. wadya Surabaya kabèh angling | Tambakbaya paksa kumawawa | amapagagên[67] jurite | yèn èstua [è...]
--- [f. 297v] ---
[...stua] karuhun | pasthi mênang goning ajurit | duk maksih anèng Pajang | ing pambatang isun | wong mati angajak-ajak | Tambakbaya iku buron wong Matawis | pasthi agawe ala ||
7. sang dipati kèmêngan ing galih |
--- [f. 298r] ---
[...]
--- [f. 298v] ---
[...]
--- [f. 299r] ---
[...]
--- [f. 299v] ---
[...]
--- [f. 300r] ---
[...]
--- [f. 300v] ---
[...]
--- [f. 301r] ---
[...]
--- [f. 301v] ---
[...]
--- [f. 302r] ---
[...]
--- [f. 302v] ---
[...]
sah bêkti
--- [f. 303r][68] ---
dipun rasa bênêr ingkang wadya | kang matur ngajak nungkule | ciptane jroning kalbu | nanging maksih kêrasa isin | dadya ing lama-lama | rusak wadyanipun | wong Surabaya tan mangan | sakathahe kang wadya kang ngajak jurit | sami têluk sadaya ||
8. nênggih dhatêng wong agung Mêtawis | dadya Adipati Surabaya | kagegeran ing galihe | ing mangke sêdyanipun | karsa nungkul dhatêng Mêtawis | nging awakil kang putra | kang badhe ingutus | ingsun pan nora tumindak | anak ingsun Ki Mas Pêkik sun go wakil | sebaa mring Mêtaram ||
9. sakathahe ingkang para mantri | sami matur maring gustinira | pangraos kawula mangke | nah anggèr lampahipun | kados botên yèn amêkasi | yèn suwawi ing karsa | prayogi pukulun | anglampahana priyăngga | kapanggiha kalawan rajèng Mêtawis | supados katrimaa ||
10. sang dipati angandika aris | ingsun wêruh kabèh karsanira | mapan ingsun durung sae | têmu lawan sang prabu | munga putraningsun puniki | Mas Pêkik lumakua | iku wakil ingsun | sun srahakên ing Yang Sukma | lara pati sumăngga dhatêng Yang Widi | ing karsa tan lênggana ||
11. uwis sira lumakua aglis | angiringna maring anak ingwang | sira dadi saratine | anggawaa wong sèwu | lan sakèhe kang para mantri | bêktaa rajabrana | iki surat ingsun | aturêna ing utusan | ingkang baris ana sanjawining kori | Mangunonêng kang nama ||
12. sigra bubar Rahadèn Mas Pêkik | dèn iring dening wong Surabaya | bêbongkokan nèng ngarsane | rajabrana pinikul | ingiringkên kang para mantri | gotongan warna-warna | kang badhe panungkul | sapraptanira ing jaba | dèn sêsiyung dening wadya ing Mêtawis | wong Surabaya ebat [e...]
--- [f. 303v] ---
[...bat] ||
13. Kyai Dêmang Ngurawan rumiyin | bêkta surat mapan sampun prapta | anèng pabarisan gêdhe | wus katur Ki Tumênggung | Mangunonêng sigra manggihi | Urawan atur surat | tinampanan sampun | winaos jroning wardaya | lamun têluk dipati ing Surawèsthi | awakil ingkang putra ||
14. Ki Tumênggung Mangunonêng angling | iya iku kang sun karêpêna | ingsun anti salawase | nanging kuciwanipun | dene ora seba pribadi | iya nora ngapaa | apan tunggalipun | iya anak iya bapa | lah ki dêmang pan iku rupa sawiji | ya bapa iya anak ||
15. Kyai Dêmang Ngurawan wus bali | sigra matur dhatêng radèn êmas | yèn katarima lampahe | Mangunonêng winuwus | aputusan marang Mêtawis | angaturi uninga | Surabaya nungkul | sarêng enjing kawarnaa | sampun bubar sakèhe wadya Matawis | miwah ing Surabaya ||
16. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta Barêbês sêmana | samya arêrêb barise | kawarnaa ing dalu | Mangunonêng lawan Ngabèi | Katawêngan rêmbagan | lan Udapranèku | Katawêngan sigra mojar | kadipundi Adipati Surawèsthi | dene tan seba dhawak ||
17. botên eca raose kang ati | bokmênawa manahe tan lămba | kinarya bujuk putrane | Mangunonêng amuwus | yèn mêngkono rêmbag puniki | anêdha ing utusan | yèn tuhu anungkul | anuli aglis nusula | wus lumampah kang duta mring Surawèsthi | prayayi gêgancangan ||
18. Radèn Pêkik dèn bêktani mantri | kamituwa kinèn amatura | dèn asangêt pamêksane | akêbat lampahipun | tan kawarna marga wus prapti | nagarèng Surabaya | pitungkase katur | jêng sampeyan ingaturan | tumindaka dhatêng nagarèng Mêtawis | panggiha lan sang nata ||
--- [f. 304r] ---
19. adipati gupuh ingkang galih | sigra dandan akêkapa kuda | sarwi nutuh sarirane | angrasa lamun luput | yèng kanggea rêmbaging mantri | măngsa yèn mêngkanaa | manahe kaduwung | măngsa ta nora priksaa | Sri Nalendra ing Mêtaram angalimi | cupêt baliluningwang ||
20. sampun bubar sira Sang Dipati | Surabaya lawan Tambakbaya | binêktaa salampahe | sênjata datan kantun | Adipati Pajang tan kari | lampahe gêgancangan | ingkang sikêp agung | padha nganti Panaragan | Adipati Surabaya sampun prapti | nênggih ing Panaragan ||
21. asêseban sakèhing dipati | Mangunonêng lawan Katawêngan | Yudaprana sakancane | andhèr gêgaman agung | kang dèn anti karsa nêrpati | ya ta kang kawarnaa | putusan kang rawuh | mundhi timbalan nalendra | gandhèk dalêm Ki Mangunonêng wus panggih | pangeran ingaturan ||
22. sampun prapta Pangran Surawèsthi | gandhèk dalêm kang sangking Mêtaram | dhawuhakên andikane | timbalane sang prabu | pakanira kinèn abali | lan putra pakanira | tumuta awangsul | mung Dipati Tambakbaya | kang pinundhut ing kangjêng sri narapati | binêkta ing Mataram ||
23. lan sakèhe ingkang para mantri | Surabaya pinundhut sadaya | kinèn lajênga samangke | timbalane sang prabu | mapan karsa amariksani | mring mantri Surabaya | pangeran tumungkul | datan kawasa lênggana | ing karsane sri naranata Mêtawis | Surabaya sumăngga ||
24. nadyan ingkang pati lawan urip | pan sumăngga ing karsa sang nata | kawula tan ngrasa duwe | wong Panaragan sampun | winangsitan benjing ing wuri | kinèn ngrêksa pangeran | lawan putranipun | wong Mataram sampun bubar | Tambakbaya binêkta mangalèr aglis | maring nagara Jipang ||
25. tan kawarna wadya ing Matawis | sampun prapta nagara [na...]
--- [f. 304v] ---
[...gara] Mêtaram | sampun katur ing sang katong | siniwaka sang prabu | pêpêk kang punggawa Mêtawis | Mangunonêng manêmbah | lampahe wus katur | duk ambêdhah Surabaya | miwah ingkang sakathahing para mantri | Surabaya sêdaya ||
26. sampun katur sami dèn bandani | sri nalendra aris angandika | padha uculana kabèh | sakèhe rabinipun | ulihêna maring kang laki | sampun sami nguculan | marêk ing sang prabu | sri nalendra angandika | Si Tumênggung Sapanjang dadia tindhih | nagara Surabaya ||
27. padha sira muliha dèn aglis | lan si paman anèng Panaragan | ampirana ing ênggone | iku ajakên mantuk | mring nagara lawan si adhi | umaha jaba kutha | aja wèhi batur | ingkang kinon nulya bubar | sampun prapta nagri Panaragan nênggih | pangeran wus binêkta ||
28. tan kawarna ing marga glis prapti | Surabaya Tumênggung Sapanjang | angênggèni ing kuthane | pangeran ênggènipun | anèng Ngropoh saanak rabi | kocapa sri narendra | Mataram winuwus | têlas nagara bang wetan | sami seba dhatêng nêgara Mêtawis | dêrmane ingkang nglawan ||
78. Durma
1. kawarnaa Sri Nalendra ing Mêtaram | enjing miyos tinangkil | pêpêk kang punggawa | miwah para santana | kawula agêng panumping | lan numbakanyar | sèwu kalawan bumi ||
2. tuwaburu mrêga samya pamajêgan | kapêdhêk gêdhong nangkil | natkala sêmana | sri nata ing Mêtaram | tamuan kawula khaji | dhatuk ing Arab | ambêkta tunggul asri ||
3. pan ingutus sangking Arab dhawuhêna | nama marang sang aji | ngalih nama Sultan | Mungalam ing Mêtaram | misuhur wadya Mêtawis | nama jêng sultan | kasusra yèn sinêkti ||
4. duk sêmana kangjêng sultan pêpasihan | kalawan putri [pu...]
--- [f. 305r] ---
[...tri] Pathi | wus antuk sawarsa | panggihe kangjêng sultan | kang raka Dipati Pathi | aran Bragola | kaipe ing nêrpati ||
5. ingkang rayi kangjêng sultan Ratu Pandhan | tunggil saibu nênggih | langkung kinasihan | anunggil dalêmira | kalawan kang raka Pathi | tan kêna pisah | akumpul siyang latri ||
6. marmanipun Ratu Pandhan nora pisah | kalawan garwa Pathi | nyananira sultan | Adipati Bragola | wus cinêtha yèn ambalik | kang dadi marga | talèdhèk kang ingambil ||
7. kangjêng sultan langkung dadya kang wardaya | tinêdha pisan kalih | pan jangkêp ping tiga | sultan kang nora suka | jinunjung dadi bupati | pun Ariwăngsa | anèng nagri Mêtawis ||
8. duk sêmana dipati satanah Jawa | pêpêk anèng Mêtawis | ana ingkang wisma | umiring acangkrama | kang rayi Dipati Pathi | kang nora seba | antuk sataun mangkin ||
9. Ki Tumênggung Endranata atur sêmbah | kawula mirsa warti | Dipati Santênan | marma datan aseba | sêdya purun ing nêrpati | sakèh nêgara | ingkang parêk dèn kait ||
10. anging Dêmak punika muwêr ing kitha | wadya lit dèn bahaki | Lasêm Pajangkungan | sampun kerup sêdaya | Juwana dipun kakahi | suyud sêdaya | marang Dipati Pathi ||
11. angandika kangjêng sultan ing Mêtaram | yèn mêngkono si adhi | mênawa tan nyata | Pangeran Purubaya | umatur dhatêng nêrpati | yèn tuhu warta | sapa sintên nindaki ||
12. angandika kangjêng sultan ing Mêtaram | uwa ulun pribadi | mapan adhi êmas | dipati ing Bragola | sadyane arsa ngayoni | dhatêng manira | pêsthi kula tindaki ||
13. wong Mataram nulya adandan sênjata | jêngkar sri narapati | kundur angêdhatyan | wadyabala samakta | santana para dipati | sampun siyaga | sakapraboning jurit ||
14. sarêng enjing anulya [anu...]
--- [f. 305v] ---
[...lya] nabuh têngara | obah wadya Mêtawis | datanpa wangênan | sawarnining kawula | samya tumut agêng alit | gêgaman mêdal | mantri tuwa kang kari ||
15. gêgamane wong pasisir warna-warna | miwah măncanêgari | samya apocapan | ingsun nora anduga | wanine Dipati Pathi | bok olih lamat | ngayoni wong Mêtawis ||
16. kawarnaa sang nata sampun siyaga | busana ing ajurit | garwa tiningalan | kapriye yayi sira | arinira tuhu lali | pangrasaningwang | bêcik ingsun kalahi ||
17. ingkang garwa matur sarya awotsêkar | anuhun sri bupati | pangraos kawula | botên adarbe kadang | nanging sih paduka aji | kang katingalan | tan sêdya malih kapti ||
18. pêjah gêsang kawula arsa tumuta | ayun uningèng wèsthi | yèn ulun karia | bok katingal tan lila | kangjêng sultan ngandika ris | garwa dèn aras | iya sun gawa gusti ||
19. sigra miyos kangjêng sultan bala bubar | gêgaman dalêm mijil | saragêni tata | amyang kang tumbak sulam | landheyan êrgu[69] pênjalin | pating paluncar | surêm kang surya mijil ||
20. sigra budhal kangjêng sultan nitih liman | kalihan pramèswari | wus rawuh ing Pajang | magêrsari akapang | wadya ing ngarsa atêbih | măncanêgara | wus prapta lèring ardi ||
21. sri nalendra arêrêb nagari Pajang | wadya măncanêgari | kang ana ing ngarsa | tan kandhêk lampahira | prapta padêdesan Pathi | wus jinarahan | kang băngga dèn patèni ||
22. wong desa prasamya angungsi ing kutha | tur uninga ing gusti | prapta jroning kutha | ya ta kang kawarnaa | Dipati Bragola Pathi | lagya sineba | dening kang para mantri ||
23. Kandhuruan ingkang alinggih ing ngarsa | lan Arya Sawunggaling | Dipati Sindurja | lawan Rajamênggala | lawan Dipati Tohpati | Dipati [Di...]
--- [f. 306r] ---
[...pati] Kulyan | papêk[70] samya anangkil ||
24. Adipati Bragola aris ngandika | mring sakèh para mantri | apa aturira | dene gègèr ing jaba | kajinêman awotsari | inggih kawula | angaturi upêksi ||
25. gêgamane wong Mêtaram sampun prapta | têpis iringing Pathi | sami jinarahan | kang băngga pinatenan | wong cili samya angili | Sang Adipatya | Bragola ngandika ris ||
26. sapa ingkang angirid bala Mataram | kang dadi senapati | kang wadya turira | pan raka jêngandika | tindak ngawaki pribadi | wadya Mataram | tan wontên ingkang kari ||
27. yèn mêngkono sakathahe sanak ingwang | padha sun ajak mati | manira nênêdha | ing sapisan kewala | aja na anguciwani | sapa prayoga | ingkang kinarya kanthi ||
79. Kinanthi
1. Radèn Kandhuruan matur | dhuh gusti sang adipati | akamangkara paduka | dening kasangêtên angling | baya ta ingkang salira | botên amotangi bêcik ||
2. yèn tinêkanana ulun | sêdya mèlu lara pati | yèn sampeyan dhatêng pêjah | kawula lêbur rumiyin | kang para mantri sêdaya | tan prabeda aturnèki ||
3. Arya Sawunggaling matur | prasêca kawula gusti | yèn sampeyan miyos aprang | kawula ngamuk rumiyin | yèn kawula sampun pêjah | sakarsa paduka wingking ||
4. gusti ing panêdha ulun | sampun angawula malih | dunya kherat kapanggiha | paduka dadosa gusti | sadaya sami prasêtya | ingkang wadya agêng alit ||
5. Dipati Bragola muwus | manira anêdha ugi | sangking sêtya pakanira | tinêtêpêna Yang Widi | sang dipati angandika | maring ingkang para cèthi ||
6. amundhuta arak tampur | êbrêm badhèg ingkang mandi | lawan ingkang dhêdhaharan | miwah busana kang adi | baborèh kalawan lênga | kang sêkar gajah anguling ||
7. denya
--- [f. 306v] ---
nampani tumungkul | dening tinampan ing sêlir | samya kinon borèhana | sami ajrih dèn borèhi | kang mantri sami pinêksa | wus kakonyoh dèn sumpingi ||
8. Radèn Kandhuruan matur | lawan Arya Sawunggaling | punapa winalêsêna | sih paduka mring kang abdi | gusti nuhun atur kula | sampun mawi tumut jurit ||
9. yèn kawula dèrèng lêbur | sampun sampeyan miyosi | sang dipati angandika | anêdha manira iki | sangking trêsna pakanira | aduwe kadang sayêkti ||
10. Arya Mangunjaya matur | sabdane amêlasasih | dhuh gusti sang adipatya | yèn kenging kula aturi | sampun amusuh rakamta | kangjêng sultan ing Mêtawis ||
11. botên wontên awonipun | kirang punapa ingkang sih | sampun kadhaharên ujar | tan pênêd ingkang pinanggih | sakèhe wadya Santênan | măngsa năngga wong Mêtawis ||
12. sang dipati ngandika sru | mapan ingsun wus udani | ingsun musuh kakang êmas | pasthi manira ngêmasi | kaya ngapa gingsirana | pan wus karsaning Yang Widi ||
13. ya ta dadar-dadar sampun | wêrata kang para mantri | dèn pêpantês kang busana | wêrata dhatêng kang alit | dipati kundur sineba | malêbêt ing dalêm puri ||
14. para garwa sami mêthuk | mring kang raka sang dipati | myang para sêlir sadaya | prapta ing dalêm alinggih | kang sampeyan pinêtêkan | kang garwa mardapa wilis ||
80. Sinom
1. kang para garwa tumingal | warnane sang adipati | netyane beda lan saban | para garwa matur aris | kawula nuhun gusti | punapa ing marmanipun | sampeyan tan ngandika | paran ingkang dadya runtik | mring kawula botên rumaos yèn dosa ||
2. sang adipati ngandika | wruhanira ta mas yayi | ingsun pêpoyan ing sira | sarupane para rabi | manira iki pamit | mring sira arsa mamêthuk | yudane kakang [ka...]
--- [f. 307r] ---
[...kang] êmas | kangjêng sultan ing Mêtawis | yèn sun pêjah dèn bisa sira ngawula ||
3. lah ta yayi wruhanira | benjing ingsun mapak jurit | kakang êmas ing Mêtaram | pêsthi yèn ingsun ngêmasi | kang garwa sami anjrit | sajêro pura gumuruh | sêsambat mêlasarsa | yèn kenging kula aturi | asowana dhatêng raka jêngandika ||
4. sampun sampeyan amêngsah | ing raka paduka gusti | sayogya ambêndonana | sang dipati ngandika ris | wus karsaning Yang Widi | ing Pathi iki yèn lêbur | dening wadya Mataram | ingsun ingkang amêkasi | awibawa anèng nagara Santênan ||
5. adawa yèn kawarnaa | sang adipati ing Pathi | sampun angrasuk busana | sakapraboning ajurit | ikal mail mêpêki | sinusun lawan kêkalung | warnane sang dipatya | lir Kêrna arsa prang tandhing | lan Arjuna anèng rana kabaratan ||
6. kang wadya samya agêlar | anganti wiyosing gusti | gêgaman pêpêk sadaya | warnane lir gunung gêni | ulase warni-warni | ana binang ana wungu | ana kang tumpêr ingas | ana bung ampèl jininggring | kang sawênèh binange kinapurancak ||
7. kawarnaa sang dipatya | sangking jro pura wus mijil | ginarêbêg para garwa | sêdaya angêmu wingit | sawênèh tawan tangis | para garwa kinèn wangsul | ing kori paregolan | lumaju sang adipati | lampahira datan olih ingkang garwa ||
81. Pangkur
1. wus wiyos sang adipatya | orêg kabèh wadyabala ing Pathi | gêgaman dalêm wus mêtu | asri yèn tiningalan | umbul-umbul pêpare anom kumêlun | lêlayu lawan kakăndha | tinon kadi wukir sari ||
2. ingkang kinèn tunggu pura | mantri papat andêle sang dipati | budhal kang wadya gumuruh | ginarêbêg gêgaman | sang dipati warnane tuhu yèn bagus | kadya
--- [f. 307v] ---
Bathara Asmara | kinalang ing magêrsari ||
3. ênêngêna sang dipatya | kawarnaa Kangjêng Sultan Mêntawis | sineba ing mantri agung | anèng ing pasanggrahan | sampun katur gêgaman Pathi yèn mêtu | kangjêng sultan angandika | mring sakèh punggawa mantri ||
4. padha anataa gêlar | ingkang anèng pangawat kanan kèri | Si Tumênggung Singaranu | anitihana wadya | sakathahe kang rupa têngêran ingsun | ingkang dadi gêgunungan | nindhihi wadya Mêtawis ||
5. dene ingsun ana wuntat | rada kèri kalawan anindhihi | sakèhe kapêdhêk ingsun | lawan para sêntana | nora katon yèn sira durung acucuh | lah padha dipun prayitna | mungsuhira ambêk pati ||
6. Si Tumênggung Endranata | nindhihana gêgamaning pasisir | anèng kiwa pêrnahipun | samya tampi pitungkas | pra dipati anata gêgaman sampun | pan samya wangwang-winangwang | wong Pathi lawan Mêtawis ||
7. Singaranu anèng têngah | anitihi têngêran dalêm asri | gêgamannya kadya gunung | têmpuh lan Edranata[71] | anèng kiwa gaman pasisir sadarum | miwah kang mantri sadaya | ing Mêtaram anèng kèri ||
8. sakèhe para sêntana | anèng têngên rakêt sri narapati | pêrnahira rada lindhuk | kalingan pagêr jarak | ênêngêna kang nata gêgaman agung | kawarnaa sang dipatya | ing Santênan tata baris ||
9. pinarêk anèng taratag | sakathahe prawira sami nangkil | Dipati Bragola muwus | mring Radèn Kandhuruan | êndi gone kakang êmas barisipun | iku bakal sun tarajang | awasêna dèn patitis ||
10. panêdhaningsun ing Sukma | aja liyan kang nguntapna ing pati | saliyane kakang prabu | nora lila wak ingwang | langkung suka matia ing ngarsanipun | kangjêng kakang êmas sultan | gèn ingsun nrahakên pati ||
--- [f. 308r] ---
11. Sawunggaling aturira | inggih sampun wau kula têliki | punika gêgaman agung | pêrnahe jêng rakanta | munggèng têngah dados gêgununganipun | têngêran gulakêlapa | upacara songsong kuning ||
12. sang dipati angandika | yèn mêngkono sira têngara aglis | ing mêngko sarêng tinêmpuh | aja na angucira | sadyaningsun wong Pathi sarênga lêbur | pirabara yèn agêsang | dadia têpa ing wuri ||
13. sang dipati andrawina | para mantri samya dipun larihi | sadaya prasamya wuru | sanggupipun maludag | pan ajangji sêdaya sarênga lêbur | sanggupe norana nyuthak | wong Pathi dhadhap pinipis ||
14. sigra muni kang têngara | sarêng mangkat kang sadya ngantêp jurit | syarane kêndhang gong umyung | angrok suraking bala | kang tinuju wawêngkone Singaranu | têngêran gulakêlapa | dipati anitih waji ||
15. Kandhuruan anèng ngarsa | datan têbih kalawan Sawunggaling | prayatna wadya Matarum | umyang ingkang bradăngga | wadya Pathi anêmpuh ing Singaranu | wadya Mataram apanggah | anadhahi bala Pathi ||
16. pangamuke wong Santênan | golong pipis kiwa ingkang dèn boti | wadya pasisir tinêmpuh | têtindhihing ayuda | Endranata pangawat kèri gènipun | Sawunggaling anêrajang | rêmpu gêgaman pasisir ||
17. Sawunggaling asêsumbar | wong Mataram aja lingan wong cili | aja katambêtan mring sun | iya iki Ki Arya | Sawunggaling wong Pathi prajuritipun | êndi punggawa Mataram | gèn ingsun nrahakên pati ||
18. lah ta ingsun kêmbulana | kapiyarsa dening wadya Mêtawis | Sawunggaling wuwusipun | Endranata kesisan | mèh nêkani wong Pathi pangamukipun | tan wruh pêrnahe sang nata | bala kathah angunduri ||
--- [f. 308v] ---
82. Durma
1. Kandhuruan angucap mring rowangira | aja na angowani | pring sadhapur ika | êndhok sapatarangan | parau dhadhap pinipis | kacang salumpang | dhinêplok ing lêlênjing ||
2. pira bêgja lamun sira tan rêmêka | bala saurnya sami | sarêng ngêmbat watang | wadyabala Santênan | pangucape kang sapalih | boga drawina | dadar walêse pati ||
3. pati gagap-gagape ingkang ayuda | tumbak ganjur wus mati | wong Pathi kotbuta | sarêng dènnya narajang | polahe lir banthèng kanin | lir kadi sima | luwe anon ing bukti ||
4. wong pasisir tinarajang datan panggah | wong Pathi numbak gigir | prajurit kèh pêjah | bubar ing tatanira | sira Arya Sawunggaling | pangamukira | sampun anêngah baris ||
5. Ki Tumênggung Endranata kadhewekan | nulya malik kulambi | Ki Arya uninga | amêksa tinututan | Ki Endranata andhêlik | atilar jaran | awor lawan pakathik ||
6. sirna gêmpang wadya pasisir sêdaya | malayu ngungsi dami | nanging nora têbah | ya ta wadya Santênan | ngêbyuki dadi sawiji | wadya Mataram | samya angati-ati ||
7. pan ingantêp gêgamane wong Mataram | nuju wadya panumping | tan arsa mundura | samya sudiranira | tan ana angucap ajrih | umyang kang surak | awor bêrdăngga muni ||
8. ramening prang lir umbak anêmpuh parang | pangrike kang turanggi | kèngsêr yudanira | nênggih Nayamênggala | arukêt luhuring waji | sêndhal-sinêndhal | rame kêris-kinêris ||
9. sarêng pasah nulya niba sangking kuda | kalih sarêng ngêmasi | Ki Surabramatya | aprang lan Jagabaya | arame ukih-ingukih | Surabramatya | panumbake anitir ||
10. Ki Tumênggung Jagabaya sigra [si...]
--- [f. 309r] ---
[...gra] numbak | Surabramatya tangkis | nanging kadharadhag | kêna gulu iringnya | aniba anuli mati | suraking bala | kadya rubuh kang langit ||
11. Jayèngrana aprang lawan Martalaya | sami sudira kalih | watange binuwang | sigra salin curiga | nulya sami marêpêki | nèng luhur kuda | rame kêris-kinêris ||
12. Jayèngrana sinuduk jajane bêncah | niba anuli mati | Radèn Kandhuruan | sampun ayun-ayunan | kalawan Ki Rajaniti | sigra anumbak | Ngabèi Rajaniti ||
13. dipun tangkis anulya putung kang watang | sigra dipun larihi | jajanira bêncah | têrus maring walikat | Ki Rajaniti ngêmasi | suraking bala | kadya karêngyèng langit ||
14. Mangunonêng uninga kang putra pêjah | kudane dèn camêthi | asru dènnya ngucap | dhuh nyawa anak ingwang | durung pasthinira mukti | hèh Kandhuruan | ingsun sira antèni ||
15. anêrajang Mangunonêng sigra numbak | Kandhuruan malêsi | sangking luhur kuda | Ki Mangunonêng tiba | dhêdhangkak malês anitir | nanging tan pasah | ngadêg sarya nglarihi ||
16. Mangunonêng tinumbak jajane bêncah | niba anuli mati | sigra Kandhuruan | nyamêthi kudanira | kinêtab sigra anyirig | watang dèn ikal | sêsumbar angajrihi ||
17. lah rêbutên ingkang aran Kandhuruan | kaipe Adipati | Bragola Santênan | mara dèn kêmbulana | sapa ingkang arêp mati | lah papagêna | tandang ingsun ajurit ||
18. Kartajaya aprang lawan Udabăngsa | rame ukih-ingukih | anulya tinumbak | Kartajaya aniba | dèn jojoh dèn titir-titir | anulya pasah | Kartajaya ngêmasi ||
19. Adipati Santênan sigra tumingal | balane akèh mati | anêmbang têngara | sigra mangsah ayuda | kudane dipun camêthi | wastaning kuda | nênggih pun Layarwaring ||
20. ginarêbêg wadya sasisaning pêjah | sikêp sèwu ngêbyuki |
--- [f. 309v] ---
gêgaman Mataram | tinrajang karepotan | Singaranu wus angisis | tinilar bala | adipati ing Pathi ||
21. ingkang raka nora nana katingalan | gêgêtun adipati | yèn ngucap wardaya | sun sênggih kakang êmas | dudu layak gon sun mati | sigra tumingal | waos pêthak gêgadhi ||
22. ingkang wadya matur dhatêng gustinira | tuhu kalamun sisip | sanès sri nalendra | kang têngêran kêlapa | lah punika waos putih | raka paduka | ingkang sami gêgadhi ||
23. yèn ngucapa adipati ing Santênan | kang êmas gawe sandi | sêdyaningsun aprang | ngayoni kakang êmas | katrimaa asrah pati | nguntapna ingwang | ja liyan kakang aji ||
24. têlas sapalih prajurit ing Santênan | sayah kang maksih urip | pan aso sakêdhap | angrêmakên ing bala | langkung cuwa sang dipati | bala wus rusak | luput sêdyaning galih ||
25. wong Karanon tan ana măngsa puliha | kocapa sri bupati | sigra atêngara | nabuh Kiyai Bicak | ginitik pan nora muni | sri naranata | kêkêpuh dèn sungkêmi ||
26. wus anêkung sang nata nênêdhèng Sukma | maladi samadining | nêgês karsaning Yang | kang murwèng ing paningal | anging kang wisesèng bumi | sampun apadhang | tingale sri bupati ||
27. sigra wungu Ki Bicak nulya tinêmbang | kadya munya ing langit | myang suraking wiyat | sigra para santana | anulya angingêr baris | pan sarêng mara | ngalingi sri bupati ||
28. sang dipati ing Santênan amiyarsa | lamun Ki Bicak muni | ngingêrakên kuda | asru dènnya ngandika | hèh sakèhe wong ing Pathi | ika Si Bicak | syarane amêlingi ||
29. wus katingal pra santana ing Mataram | samya anata baris | Dipati Bragola | wadya samya ingatag | nanging prajurit kang kari | bala Santênan [Santê...]
--- [f. 310r] ---
[...nan] | kang cili têlas mati ||
30. pra prawira samya anyamêthi kuda | sêdya alêbu gêni | santana Mataram | sampun sami prayitna | sumêdya sarêng ngawaki | dudu kusuma | lamun wêdia gêtih ||
31. sarêng mangsah para sêntana Mataram | wadya Pathi ningali | sakathah prawira | sarêng nyamêthi kuda | prasamya anandêr pati | sampun narajang | anêmpuh wong Matawis ||
32. wontên prajurit ing Pathi kasêntana | Rahadyan Wirasêkti | wastaning prawira | mara angêmbat watang | kapêthuk sami prajurit | pan kasantana | ing kangjêng sri bupati ||
33. ingkang wasta Rahadyan Wirataruna | rame ukih-ingukih | Wirasêkti numbak | mring Dyan Wirataruna | panumbakira tinangkis | winalês sira | kêna gulune iring ||
34. awêtara têtês kulite sabêras | niba anuli mati | wontên sanakira | Rahadèn Wirasraya | tumingal kung[72] rayi mati | nyamêthi kuda | waosipun pinandhi ||
35. dhapuripun anênggih biring lanangan | murub lir kadya api | sarya asêsumbar | prajuriting Mataram | aja na gingsir sajari | ingsun lan sira | payo padha wong bêcik ||
36. wus atêmpuh kang yuda sigra anumbak | Wirataruna tangkis | nanging kataratas | tan kandhêk tumbakira | kêkêpuh tugêl apalih | têka sarira | Wiratruna ngrasani ||
37. pangrasane kêkêmpung kaya butula | anulya malês aglis | maring Wirasraya | tinumbak jajanira | malêsat luhure waji | tiba kalumah | jinojoh dèn kakahi ||
38. nulya pasah Wirasraya sampun pêjah | Adipati Tohpati | sigra anêrajang | arsa anulungana | Pangeran Amangkubumi | sampun wuninga | kudane dèn camêthi ||
39. sigra têmpuh lawung pan tumbak-tinumbak | putung watangnya kalih | sigra anarajang | samya acêkêl asta | Pangeran Amangkubumi | dhupak-dhinupak | sêndahl-sinêndhal sami ||
40. nulya mudhun kalih sangking ing turăngga |
--- [f. 310v] ---
rame kêris-kinêris | tan ana wigata | sami sudiranira | kang dhuwung wus rêmpu kalih | rukêt kewala | ramya banting-binanting ||
41. mèh kalindhih Pangeran Amangkubumya | angrasa lamun kuntit | nyandhak lawan tangan | Ki Tohpati anjola | anulya sigra binanting | tur tinunggangan | Tohpati asru angling ||
42. wong Mataram carobo ing pêrangira | Pangeran Mangkubumi | alon angandika | sajangan-jangan adang | singa kang tiwas amati | Kyai Tohpatya | sinuduk angêmasi ||
43. Ki Tumênggung Binarong sigra tumingal | yèn Tohpati ngêmasi | surak lir ampuhan | Binarong sigra mangsah | kudanira dèn camêthi | arsa anumbak | mring Pangran Mangkubumi ||
44. Adipati Pringgalaya wus uninga | pangeran dèn alingi | Binarong tinumbak | kagêt sira anjola | amalês-malês katangkis | sampun asayah | Binarong angêmasi ||
45. Ki Dipati Sindurêja yun-ayunan | lawan sang adipati | ing Pugêr punika | ramya tumbak-tinumbak | adangu asilih ukih | samya prakosa | tan ana ingkang ajrih ||
46. wong Mataram surake ambal-ambalan | kadya rubuh kang langit | Dipati Sindurja | ngantêp panumbakira | Pangeran Pugêr tan gingsir | putung watangnya | sigra dèn parêpêki ||
47. sarya narik curiga Pangran Cangcangan | Sindurja dèn larihi | jajanira bêncah | Sindurêja aniba | gêtihira kadya mangsi | sampun pralaya | gumêrah wong Matawis ||
48. Kandhuruan mara ngarsa sumbar-sumbar | rêbutên ing ajurit | aja angucira | payo padha prawira | angikal watang kumitir | singa katrajang | wong cili samya ngisis ||
49. Panêmbahan Purubaya sarêng mulat | tan ana kang nanggêni | sigra lampahira | amapag Kandhuruan | tan antara sarêng panggih [pang...]
--- [f. 311r] ---
[...gih] | ayun-ayunan | panêmbahan sigra ngling ||
50. Kandhuruan ingkat kêbat lumayua | eman mênawa mati | kuwata sapira | akulita tambaga | najan abalunga wêsi | sungsum gêgala | tan wande sira mati ||
51. Kandhuruan asru dènira angucap | baya norana maning | wong ing alam dunya | amung Ki Purubaya | pan ingsun nrahakên pati | sarwi anumbak | panêmbahan tinitir ||
52. datan pasah panêmbahan angandika | usapana dèn ririh | pucuke kang tumbak | mênèk kuthah ludira | eman bok kêna têtai | lamun pasaha | angur mati duk cili ||
53. Kandhuruan bramatya asru anumbak | putung landheyan palih | angunus Curiga | Kandhuruan narajang | anuduk anitir-nitir | jêng panêmbahan | panggah datan gumingsir ||
54. panêmbahan sigra anarik curiga | dhuwung wasta pun Bèji | sigra Kandhuruan | ngantêp panudukira | malês atiba kabanting | wus kinakahan | sinundêp tuntung ati ||
55. Kandhuruan datan antara pralaya | sigra sira Dipati | Kulon anêrajang | asru dènira numbak | putung dêdêring gêgodhi | jêng panêmbahan | waos tinatrap aglis ||
56. Ki Dipati Kulon tinumbak kabranan | dhadha têrus ing gigir | anulya palastra | surak kadya ampuhan | wadya Mataram ningali | mring Panêmbahan | Purubaya ajurit ||
57. kang lumayu samya awangsul sêdaya | sêdyanira pêpulih | sarêng dènnya mangsah | sarta surak gumêrah | wong Pathi nora gumingsir | sampun kinêpang | prajurit akèh mati ||
58. Sawunggaling pangamuke kadya yaksa | liwung angobat-abit | maksa kinathahan | dening wadya Mataram | singa kang katrajang mati | kinarubutan | kuwate Sawunggaling ||
59. karepotan saksana narik curiga | kudane sampun mati | angamuk kadharat | sakèhe wong kapêdhak | ngêpung maring Sawunggaling | mèh prapta ngarsa- | nira sri narapati ||
60. kala sêmana Kangjêng [Kang...]
--- [f. 311v] ---
[...jêng] Sultan Mataram | kalihan anèng èsthi | lawan ingkang garwa | ratu mas ing Santênan | kangjêng sultan ngandika ris | lah yayi ika | arinira mèh prapti ||
61. lamun prapta mêngko yayi mas Bragola | paran ta sira gusti | apa nyata lila | bok si adhi palastra | sêdyane mati nèng ngriki | garwa tur sêmbah | tan darbe atur malih ||
62. sampun mênggah sadhèrèk pun adipatya | yadyan kang asta kèri | awon pan mangkana | awênang ngambilana | kangjêng sultan mèngsêm angling | dhuh gustiningwang | mangke lêga kang ati ||
63. tingalana yayi sapa prapta ika | kang dèn byok waos lêmbing | ratu mas tumingal | yèn kang rayi Bragola | balane tan ana kari | angrês ing manah | mung Arya Sawunggaling ||
64. kangjêng sultan apamit dhatêng kang garwa | wus têdhak nitih waji | kudanira pelag | Wagugên namanira | wadya kapêdhak angiring | kaliwonira | Nayadarma wêwangi ||
65. gègèr ing ngarsa Sawunggaling narajang | bupati samya miris | kang kaparag bubar | Pangeran Purubaya | ningali mring Sawunggaling | anulya mara | kang galih asmu miris ||
66. dhuwungira pun Bèji sampun liniga | wus awor lan wong cili | anulya Ki Arya | Sawunggaling narajang | jêng pangeran anglarihi | sangking ngiringan | Sawunggaling ngênèni ||
67. pan sakêdhap lali ing purwa duksina | aniba wus dèn byuki | marang wong kapêdhak | tinalèn wus binănda | binabayang Sawunggaling | Rajamênggala | angamuk nulya mati ||
68. bêncah jajanira Ki Rajamênggala | Wiramadya ngêmasi | sira Sang Dipatya | Bragola ing Santênan | mulat prajurite ênting | pangamukira | kadya banthèng akanin ||
69. kapêdhake kalawan wong kajinêman | sampun akathah mati | wêtara kang gêsang | kari wong kawandasa | punika datan atêbih | wadya Mataram |
--- [f. 312r] ---
kang tinarajang ngisis ||
70. sang dipati tan sêdya matèni bala | nanging sri narapati | aprang atandhingan | dangune ingulatan | dipati sigra udani | mring kangjêng sultan | kudane dèn camêthi ||
71. sri nalendra anitih kuda bêndana | pun Wagugên namèki | cêmêng ulêsira | abdi gamêl tur sêmbah | dhuh gusti paduka salin | ingkang titihan | bêndana ngêlangkungi ||
72. aturira wanti-wanti tan pinirsa | sampun jangkêp ping kalih | pan kongsi ping tiga | sang nata angandika | măngsa sun sêdya gumingsir | titihan ingwang | karêpe barêng mati ||
73. wus tinabuh Ki Bicak muni angangkang | wadya kang anèng ngapti | aloke mangkana | mêngko ta iki prapta | kapêdhak samya nauri | alah ta uga | bubukên lamun mati ||
74. Nayadarma lêlurahe wong ngampilan | waos agêm sang aji | Ki Barutalingan | ingampil Nayadarma | umatur anuwun pamit | sri naranata | ngandika mring kang abdi ||
75. Nayadarma kalamun sira kaduga | waos ingsun puniki | sira tamakêna | Nayadarma sandika | marang ngarsa sira aglis | wadya kapêdhak | samya arêbut dhingin ||
76. Adipati Santênan kinandhang-kandhang | wus parêk lan sang aji | kawula kapêdhak | nadhahi adipatya | prasamya anakêr wani | wus kinathahan | Sang Adipati Pathi ||
77. kinarubut kudanira sampun pêjah | anjlog[73] sang adipati | anarik curiga | sigra Ki Nayadarma | ing pêrnahira kapering | sang adipatya | anulya dèn larihi ||
78. lambungira sang dipati ingkang pasah | dhasar pasah rumiyin | Dipati Bragola | niba sampun palastra | kinarubut wong Matawis | aparêbatan | kang tuduh amatèni ||
79. sampun katur ing kangjêng sri naranata | ingkang rayi ngêmasi | sigra kangjêng sultan | wangsul pêrnahing garwa | wus minggah luhuring èsthi | panggih kang garwa | sang nata ngandika ris ||
80. yayi arinira si
--- [f. 312v] ---
adhi wus pêjah | kagyat sanjroning galih | ratu mas miyarsa | sang nata angandika | sira parenekna aglis | layone dhimas | lumajêng kang tinuding ||
81. Mangunjaya uninga gustine pêjah | angrêbat tan kuwawi | anulya lumajar | mantuk dhatêng Santênan | sadyane ngukup kang kari | tan kawarnaa | layone sang dipati ||
82. wong kapêdhak sami kewuhan sadaya | arsa pinundhi-pundhi | dene iki mêsah | arsa dipun sèrèda | iki sêntana sang aji | dadya kewuhan | wontên wong tuwa siji ||
83. gêgadane puniki karêp manira | mastakane pinundhi | suku sinèrèda | sampun rêmbag sadaya | anulya dipun lampahi | wus rinarămpa | sampeyane ingirid ||
84. aningali sang nata kêlangkung suka | prapta ngarsa nêrpati | sang nata ngandika | dhumatêng ingkang garwa | dening sira tan ningali | ragane eman | ing wong sadulur siji ||
85. yèn wêruha gusti yèn maksih angeman | sira marang si adhi | yayi mas Bragola | pêsthi sun gawe undhang | adhi mas ingsun uripi | munduran ingwang | padhang apêtêng malih ||
86. marmanipun kang garwa Ratu Santênan | tumungkul waspa mijil | nora yèn masgula | dening kang rayi pêjah | sêmut irêng anglilipi | nutuh sarira | sêmut ngalang-alangi ||
87. dadya matur Ratu Mas Pathi ing sultan | nuhun duka sang aji | tan ngeman patinya | rèhning kadang sanunggal | wau ajêng aningali | praptane ngarsa | sêmut irêng nglilipi ||
88. datan darbe manah amaliha trêsna | liyan paduka gusti | raosing wardaya | tan nyana darbe kadang | kangjêng sultan mèngsêm angling | garwa dèn aras | dhuh mirah ingsun gusti ||
89. mêngko enak yayi ing manah manira | ngandika sri bupati [bu...]
--- [f. 313r] ---
[...pati] | dhatêng ingkang wadya | mara sira adêgna | iku jisime si adhi | wus jinaganan | sang nata ngandika ris ||
90. tatabana apa si adhi de gawa | aglis dipun tatabi | papyunan[74] kapêdhak | katur ing sri nalendra | angandika sri bupati | adhi Santênan | sêdyane nora mulih ||
91. lah biyakên lathine adhi Bragola | apa untune bêrsih | sampun tiningalan | katur rêgêd kang waja | angandika sri bupati | wantêr adhi mas | nora kobêr asisik ||
92. amariksa sang nata ing wadyanira | sapa ingkang natoni | kang wadya tur sêmbah | sami aparêbutan | angandika sri bupati | kinon mariksa | waos ingunus aglis ||
93. tiningalan Ki Baru kuthah ludira | ngandika sri bupati | ya Si Nayadarma | kang matèni adhi mas | kawarnaa Sawunggaling | sampun binănda | Endranata ningali ||
94. asru ngucap Ki Tumênggung Endranata | nora si endah luwih | Sawunggaling sira | dening kêna binănda | Sawunggaling aningali | asru angucap | wadananira abrit ||
95. têka sae sira edan Endranata | mau malik kulambi | sira sêsingêdan | awor lan sikêp kathah | sira dêlap têmên urip | eman sang nata | agawe mring sirèki ||
96. eman-eman lampit sira lungguhana | landheyan tunggak sêmi | sira kêna walat | Dranata kawirangan | nulya sira mundur têbih | sarwi angucap | ngadhêp wong kêna sarik ||
97. sri nalendra Sawunggaling tiningalan | sapa nandhang têtali | ingkang ngikêt jingga | kalambi taratean | katur yèn pun Sawunggaling | nata ngandika | ilokna mring si adhi ||
98. kangjêng sultan ngandika dhatêng [dha...]
--- [f. 313v] ---
[...têng] kang wadya | lah pêtêkên kang jisim | yayi mas Bragola | kang kinon atur sêmbah | sigra rinămpa kang jisim | sampun binakta | pinêtêk anèng Sani ||
99. Ki Tumênggung Alap-alap ingandikan | sira sun utus aglis | lan Si Jagabaya | Si Arya ing Panular | kapat lan Si Wirapati | wadya Mataram | padha gawaa baris ||
100. wong Santênan nak rabine boyongana | wong ing dalêm dèn ênting | yèn ana kang băngga | lah padha patènana | yèn wus prajurite mati | sira boyonga | kabèh aja na kari ||
101. lan sakèhe wong wadone ing Santênan | yèn rabine prayayi | tandhunên sadaya | aja kongsi lumampah | kalawan gawaa joli | bok ipe benjang | sira tumpakna joli ||
102. Alap-alap Ki Tumênggung Jagabaya | lèngsèr ngarsa wotsari | lan sawadyanira | bubar sangking pundhokan[75] | sapraptanira ing Pathi | baris ing pasar | kocap prajurit Pathi ||
103. katingalan wadya Mataram kang prapta | yèn arsa bêboyongi | prajurit Santênan | sarêng angamuk rampak | Alap-alap anadhahi | tumpês sadaya | Mangunjaya kang kari ||
104. Ki Suraprameya angêmban kang brana | kandhaga dèn sungkêmi | Ki Wirajaladra | mati ngurêbi lawang | Mangunjaya aningali | prajurit têlas | sigra malêbèng puri ||
105. sampun prapta ing pura Ki Mangunjaya | umyang syaraning tangis | sigra Mangunjaya | ngulati Radèn Răngga | datan antara kapanggih | sigra binêkta | mêdal sangking jro puri ||
106. Mangunjaya sampun mêdal wêwingkingan | sêdya angungsi [angung...]
--- [f. 314r] ---
[...si] wukir | ing Gunung Prawata | ênêngna Mangunjaya | kocapa wadya Matawis | lumêbêt pura | umyang syaraning tangis ||
107. Alap-alap lan Tumênggung Jagabaya | sampun dènnya natèni[76] | kèhing rajabrana | sigra Ki Alap-alap | karsane marêk sang putri | sang dyah karuna | syara lir madu gêndhis ||
83. Dhandhanggula
1. sang aputri alara anangis | Alap-alap ajrih amarêka | maksih atêbih ênggène | sakèh wong dalêmipun | samya nangis ngadhêp ing gusti | wênèh aniba-niba | sawênèh gumulung | sêsambate amlasarsa | adhuh gusti wêkasane kadipundi | wadya Mataram prapta ||
2. wontên pinituwanira singgih | nikèn enya micarèng wardaya | paran iki wêkasane | nanging pangrasaningsun | măngsa wurung dènira nangis | wong lanang iki sirna | uwis jamakipun | ni êmban nulya lumampah | amurugi Ki Alap-alap wus prapti | ni êmban sigra mojar ||
3. kula pitakèn dhatêng kiyai | kadipundi rena jêngandika | têka mandhêk mênêng bae | Ki Alap-alap muwus | langkung ajrih manira nyai | bok dede ingkang karsa | ni inya amuwus | budi punapa wanodya | lah andika amêpêka tandhu joli | mokhal botên puruna ||
4. ya ta sumaos kang tandhu joli | rabine mantri tandhu sadaya | wus binubarakên kabèh | sadalan tangis umyung | rare alit prasamya nangis | wênèh angêmban anak | ana kang dèn tuntun | awor syarane kang wadya | bêboyongan lamun tinon sangking têbih | lir pendah wong angarak ||
5. joli tandhu andulur pan asri | gêgamane lumampah nèng ngarsa | saparo anèng wurine | sapindhah magêrsantun | kawarnaa [kawarna...]
--- [f. 314v] ---
[...a] sri narapati | Kangjêng Sultan Mataram | sampun bubar kundur | datan kawarna ing marga | nulya rawuh sang nata malêbèng puri | wadya bubar sadaya ||
6. kawarnaa Alap-alap prapti | lajêng caos marêk kangjêng sultan | bêboyongan katur kabèh | sang putri wus malêbu | ing jro pura lan para sêlir | myang wong dalêm sadaya | dadya sakadhatun | rabine para prawira | tinarimakakên dhatêng para mantri | ingkang aisi karya ||
7. duk bêdhahe nêgara ing Pathi | sinêngkalan sirnaning pêndhawa | tinata ratu babade |[77] samana sang aprabu | amariksa garwa kang rayi | purwaning lakinira | ing pambalikipun | katur yèn pun Endranata | angadoni kang botên akarya bêcik | sang nata langkung duka ||
8. duk sêmana kangjêng sri bupati | sigra miyos pan angêmu duka | kandhêk sitinggil sang natèng | pinêpêk sitiluhur | Martalulut dipun timbali | lan wong Singanagara | ngandika sang prabu | hèh wadya Singanagara | sudukana Si Endranata dèn aglis | ana ing pagêlaran ||
9. Endranata lamun wus ngêmasi | jaringane gawenên balabar | ana pasar sadawane | kang kinon sarêng mundur | Martalulut Singanêgari | sami lancang-linancang | mèh prapta gènipun | sarêng anarik curiga | Endranata sasampune dèn suduki | binêdhèl ususira ||
10. wadya Mataram sadaya ajrih | aningali dukane sang nata | ginawe blabar ususe | angandika sang prabu | mring Pangeran Purubayèki | uwa kadi punapa | andika sun tantun | pun paman ing Surabaya | ing wartane anênggih sampun ngêmasi | mung kari ingkang putra ||
11. jalu ingkang nama Radèn Pêkik | aris matur Pangeran Purbaya | prayogi ngandikan anggèr | kapanujon sang
--- [f. 315r] ---
prabu | Alap-alap sigra tinuding | kinèn animbalana | kang kinon wotsantun | lèngsèr sangking ing ngajêngan | sarta bêkta mantri Mataram lit-alit | prapta ing Surabaya ||
12. anèng dhukuh Jêng Pangeran Pêkik | Alap-alap wus prapta ing ngarsa | dhawuhakên andikane | ing kangjêng sang aprabu | jêngandika dèn andikani | marang nagri Mataram | sanak garwanipun | Ki Alap-alap utusan | animbali Tumênggung Sapanjang prapti | anulya kinèn dandan ||
13. umiringa mring Radèn Mas Pêkik | sarta rumêksaa anèng marga | kang wadya samakta kabèh | wus budhal Ki Tumênggung | Alap-alap Radèn Mas Pêkik | miwah wong Surabaya | rumêksa ing pungkur | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing desa Butuh anênggih | arsa ngujung astana ||
14. lajêng sare ngastana sawêngi | ing dagane Kangjêng Sultan Pajang | ing têngah dalu wayahe | ana syara karungu | asung pemut Radèn Mas Pêkik | iya Ki Surabaya | wruhanira besuk | ing Pajang ana nalendra | putunira kacêtha dadi nêrpati | ngadhaton Wanakarta ||
15. ingkang ingaranan Ratu Kuning | iya iku kaki putunira | kuloning kutha purane | kagyat anulya wungu | wus raina ngandika aris | mring kang tunggu astana | sun mau angrungu | syara datan katingalan | benjang kene ing têmbe ana nêrpati | anênggih putuningwang ||
16. ingkang ajêjuluk Ratu Kuning | nanging sayêmbu lawan Walănda | pun kunci dhingkul lungguhe | Radèn Mas Pêkik muwus | lah karia sang tunggu kunci | samana nulya bubar | tan kawarnèng ênu | Ki Tumênggung Alap-alap | aputusan atur uninga rumiyin | matur mring kangjêng sultan ||
17. lamun Radèn Êmas Pêkik prapti | sri nalendra sigra sinewaka | kang punggawa pêpêk kabèh | miwah
--- [f. 315v] ---
santananipun | myang sakèhe para bupati | sri nalendra ngandika | mring kang sêpuh-sêpuh | lah ta uwa Purubaya | kadipundi ing mangke Radèn Mas Pêkik | praptaa ngarsaningwang ||
18. sapa sintên kang yogya ngabêkti | lamun prapta punapa manira | ngabêktia sapatute | punapa jênêng ulun | ingkang pantês dèn kabêktèni | uwa dika pikira | ing sapênêdipun | panêmbahan aturira | yèn kawula pêsthi Radèn Êmas Pêkik | ingkang angabêktia ||
19. mapan sampun kungkulan nêrpati | datan wontên kusuma tinaha | yèn sampun kalah kawruhe | ing mangke yêktinipun | katimbalan punika prapti | tan kawasa lênggana | milane sang prabu | ingkang pantês binêktenan | sri narendra karênan ngandika aris | bênêr sangking andika ||
20. angandika sang sri narapati | mantri gandhèk sira inggalêna | Radèn Mas Pêkik lakune | ingkang kinon wotsantun | tan adangu anulya prapti | sigra Ki Alap-alap | lampahira laju | ing alun-alun wus prapta | lajêng pepe anèng sakidul waringin | kurung prasamya gêlar ||
21. sarayate Radèn Êmas Pêkik | pan binakta apepe sadaya | sampun katur ing sang katong | sigra ngandikan sampun | wus tumamèng ngarsa nêrpati | Pangeran Surabaya | alênggah tumungkul | dhuwung sinèlèh ing lêmah | sakêlangkung pangeran dènira ajrih | ing kangjêng sri narendra ||
22. sarya mojar atur pati urip | mila kawula botên aseba | tan măntra ing gêgêntine | dadya salab mring ulun | dening warêg boga pangasih | mudhati mudha dama | tan măntra ing sêmu | yya paduka naranata | dibya sakti sineba de wong sabumi | anyakrawatining rat ||
23. lir katurunan lelatul kadri | sawêk dhatêng putusan narendra | dhawuhakên [dhawuha...]
--- [f. 316r] ---
[...kên] andikane | lir utusan piturun | mring kawula mujar sajati | apadhang tyas kawula | miyarsa pukulun | saandika sri narendra | tyas kawula kadya agea kapanggih | kalawan jêng sang nata ||
24. kangjêng sultan rêna jroning galih | amiyarsa atur Sang Dipatya | Surabaya dyan sumèlèh | sultan ngandika arum | adipati ing Surawèsthi | mila para sun undang | umarêk ing ulun | wus pinasthi de Yang Sukma | pantêmone[78] lir surya kalawan sasi | sêdhêng lagi purnama ||
25. wus raina sang yang surya mijil | sapandulon kalawan sasăngka | iya iku patêmone | sakêdhap sasi surup | timbangane surya lan sasi | salah siji ilanga | pasthi jagat suwung | manira upama surya | pakanira yayi Pêkik pama sasi | pêsthi timbangan ingwang ||
26. tanah Jawa miwah ing Matawis | pakanira yèn ora anaa | yêkti rusak puwarane | jênêng Mataram puput | yèn tan têmu ingsun lan yayi | sira pama talaga | pancurane tèngsun | sira ingkang nadhahana | toya agung yèn tanna pancuran mijil | yêkti talaga asat ||
27. mapan ingsun rêtna ingkang adi | ari Surabaya lir êmbanan | yèn tan ana sêsotyane | êmbanan têmah suwung | dadya merang myang aningali | ujyalaning êmbanan | sirna tan kadulu | sêsotya tanpa êmbanan | cahya mancur akèh kang wong aningali | apti angêmbanana ||
28. Adipati Surabaya singgih | awismaa anèng ing Mataram | misiha kabupatène | nagaranira iku | sun paringkên ing sira malih | wadyanira sêdaya | maksiha kang lungguh | kang lungguh lante kandhaga | mantrinira maksiha kadi ing nguni | ingsun tan ngowahana ||
29. Surabaya lawan ing Matawis | dadya tunggal Pangran Pêkik ika | pan kapalih nagarane |
--- [f. 316v] ---
lami datan winuwus | adipati ing Surawèsthi | tinariman jêng sultan | kang rayi sang prabu | Ratu Pandhansari nama | wus kagraha dènira Pangeran Pêkik | kalangkung ing sihira ||
30. wus alama dènira apanggih | sang adipati ing Surabaya | lan Ratu Pandhansarine | sultan anèng kadhatun | angandika marang ing cèthi | timbalana riningwang | Ratu Pandhansantun | warahên yèn ingsun gêrah | yèn dèn wèhi dening ki ipe apamit | yèn tan awèh ja miyang ||
31. punang cèthi sigra nulya mijil | lampah inggal mring Kasurabayan | sigra prapta ing[79] ngarsane | sang dipati alungguh | punang cèthi umatur aris | Dipati Surabaya | kawula ingutus | dening raka jêngandika | kangjêng sultan kawula kinèn nimbali | ing garwa jêngandika ||
32. ngêmu gêrah kangjêng sri bupati | kang timbalan dhatêng ing kawula | lamun suka ing lakine | malêbua kadhatun | dèn tinjoa gèn ingwang sakit | yèn tan suka lakinya | poma aja purun | Adipati Surabaya | aturira sumăngga ing asta kalih | tan kawasa lênggana ||
33. sigra mangkat Ratu Pandhansari | wus malêbêt jroning dhatulaya | prapta ing ngarsa sang rajèng | sultan kapanggih wungu | ingkang rayi sigra ngabêkti | manêmbah ing suku sang | mangusap ing lêbu | Ratu Pandhan aturira | kakang aji punapa paduka sakit | manah ingwang kapita ||
34. sri nalendra angandika aris | ariningwang luwih dening lara | ana ing ati larane | sun rasa saya asru | ing larane ati wang ari | dening Sang Apandhita | Giri dèrèng nungkul | aseba marang Mataram | iya iku kang dadi laraning ati | tan waras ing usada ||
35. tanah Jawa ingsun kang babadi | wus arata para ratu kalah | dening wang marga jurite | karana Giri iku | tan sun rusak kadi sakèhing | tan sun kalahkên aprang | dudu layakipun | kinalahakên ing yuda | lakinira kang pasthi jayaning jurit | ngalahakên pandhita ||
36. sakathahe kang ana ing Jawi | pasthi kalah dening lakinira | wus kasoran lêluwure | Susunan Giri dangu | mapan guru marang sang yêkti | Susunan Ngampèldênta | iku purwanipun | wus pinasthi Sang Pandhita | Giri Gajah dening yayi Êmas Pêkik | ngalahakên ing yuda ||
37. Ratu Pandhan nêmbah sigra mijil | sampun prapta ing Kasurabayan | kapanggih lawan kakunge | wuwusnya manis arum | mring kang raka Pangeran Pêkik | garjita ing wardaya | garwane glis [gli...]
--- [f. 317r] ---
[...s] rawuh | anarka yèn ana karya | sang dipati sampun uninga ing wangsit | kèndêl sêmu sasmita ||
38. cinarita Jêng Pangeran Pêkik | panggihira lawan Ratu Pandhan | wus pitung sasi lamine | dèrèng panggih salulut | yèn adarbe karsa Sang Pêkik | tinadhahan ing krama | tansah dèn bêbesuk | dipati ing Surabaya | maksih nganti sarêng sapraptaning puri | sanès lêlewanira ||
39. Pangran Pêkik sumrah ingkang galih | aningali kang garwa wiraga | pangucap myang tanagane | dhasar wong ayu tulus | Ratu Pandhan ngandika aris | sun angecani manah | anglancangi kakung | arum wijiling wacana | kakang êmas andika enggal mariki | wontên atur kawula ||
40. sarwi mèngsêm tur anggênjot alis | sarya ngawe astane kang kiwa | kang têngên jawil lêlangse | Pangeran Pêkik gugup | ingkang garwa dèn parêpêki | mangkya Sang Ratu Pandhan | kang raka anambut | tur sarwi ingaras-aras | èstri baud nuruti karsaning laki | panggih asmaragama ||
41. sasampunnya gèning pulang rêsmi | nulya wungu pangeran kalihan | wus siram lawan garwane | sang dipati alungguh | Ratu Pandhansari bêbisik | karsane raka dika | ing kangjêng sinuhun | sang dipati sigra mujar | ingsun sêngguh nora mêngkono mas yayi | karsane kangjêng sultan ||
42. adangu yèn ucapêna mangkin | duk Giri mungsuh ing Surabaya | kawalahên ing yudane | dene adarbe pamuk | putra Cina kang anèng Giri | Pangran Pêkik kesisan | prajurit wus kawus | dadya Kangjêng Ratu Pandhan | ngrasa merang milya angyasani jurit | marmane Giri bêdhah ||
43. binoyongan [bi...]
--- [f. 317v] ---
[...noyongan] dhatêng ing Mêtawis | sang pandhita sanak rabinira | miwah sarajakayane | pinaringakên sampun | tanah Giri ing Pangran Pêkik | miwah rajabarona | pan saisinipun | pinaringkên Ratu Pandhan | rajabrana ginanjarakên waradin | mring wadya Surabaya ||
44. miwah boyongan sangking ing Giri | ingkang patut laki sinung krama | kang katuju ing manahe | mantri Surabayèku | tinariman sampun waradin | dadya wong Surabaya | pamujine mangsud | linênggahan Ratu Pandhan | mapan sami panêdhane wadya alit | mring kang rayi sri nata ||
84. Sinom
1. tan kawarna laminira | kangjêng sultan ing Mêtawis | dawêgira sinewaka | pêpêk ingkang para mantri | santana myang prajurit | bupati kang alit agung | gêdhong kaparêk atap | pamajêgan anèng wuri | adipati pasisir măncanagara ||
2. kangjêng sultan angandika | mring sira ki adipati | kang wasta Mandurarêja | mapan lungaa ing mangkin | lumampaha ajurit | dadia têtindhihipun | wong pasisir sadaya | andika adua jurit | ing Jakarta kancikan dening Walănda ||
3. pan nagara ing Jakarta | bupatine wus kalindhih | pakanira angrêbuta | kalahêna ing ajurit | sakèh wadya pasisir | padha adunên prang pupuh | Adipati Mandura | tan antara nuwun pamit | sri nalendra dhawuhakên pangandika ||
4. pakanira ambaktaa | mariyêm agêng kêkalih | mêtua marga lautan | anggawaa wong pasisir | Dipati Mandurèki | bubar sangking alun-alun | prapta ing wismanira | sakèh santana kang têbih | sami prapta kang tuwa anom sadaya ||
5. Dipati Mandura mujar | mring santana agêng alit | lah mara padha dandana | ingsun ingutus nindhihi |
--- [f. 318r] ---
lakune wong pasisir | Jakarta kinèn anggêpuk | anundhung Si Walănda | anak putu sakathahing | sarupane kang lanang manira gawa ||
6. nanging ta pangrasaningwang | kaya ingsun nora mulih | sanajan pêrang mênanga | angrasa tan bali maning | miyarsa para rabi | andikanira sang kakung | samya anangis lara | sêsambate mêlasasih | sarupane anak putu kang wanodya ||
7. samya alara karuna | inggih kadipundi kyai | pangandikane mangkana | têka mêmarasi ati | dipati wacana ris | pan wus karsaning Yang Agung | lah wis padha karia | dèn abêcik sira kari | măngsa wurung sira anusul maring wang ||
8. Dipati Mandurarêja | anulya amêpêk baris | santana prapta sadaya | kawandasa kathahnèki | pasisir dèn utusi | bêdhil agêng sampun mêtu | sigra Ki Baurêksa | sampun aputusan mulih | kinon caos sadandananing ayuda ||
9. Dipati Mandurarêja | wus budhal sangking Mêtawis | miwah Adipati Sampang | Surabaya lan Garêsik | Lamongan miwah Tubin | ing Lasêm lawan Sidayu | Dêmak lawan Jêpara | Sêmarang Kudus Juwani | sami mantuk wismanira sowang-sowang ||
10. mariyêm nênggih binakta | dhatêng ing Sampang wus prapti | kang jaga mêdal lautan | ing Sampang lan Surawèsthi | mapan ta sampun janji | kang mêdal dharat ing besuk | kapanggih Pangalasan | pacampuhane kang baris | lampahira Dipati Mandurarêja ||
11. wus prapta nagri Ngastina | sakathahe wong pasisir | sadaya wus ingutusan | kang kilèn kinon acawis | kang wetan sampun prapti | gêgaman sampun agêmbul | sampun dandan baita | nulya minggah ingkang baris | dipatine sampun minggah ing baita ||
12. wus mêdal [mê...]
--- [f. 318v] ---
[...dal] sangking muara | ambabar layar tumuli | Kêndhal Kaliwungu Batang | Wiradesa lan Sêmawis | Pamalang miwah Têgil | ing Barêbês datan kantun | lirna pasisir wetan | sadaya pan sampun prapti | ing Carêbon gènira atatan-tatan ||
13. wus mancal kala sêmana | sangking Carêbon Dipati | tan kawarna ing lautan | prapta Jakêrta tumuli | sigra atata baris | Ki Mandura pondhokipun | kidul wetaning kitha | kinêpang bala pasisir | wus misuwur yèn arsa gêcêk Walănda ||
14. wong Jakarta kagegeran | kang Jawa prasamya balik | aseba Arya Mandura | amung Walănda kang kari | sadaya ngati-ati | balowartine aluwur | mariyêm wus apêrnah | gurnada gurnata acawis |[80] wong Walănda sadina-dina puyêngan ||
15. Dipati Mandurarêja | ngandika mring pra dipati | wadya pasisir sadaya | ing mêngko manira tari | tan ginêcêk tumuli | kutha Jakarta puniku | yèn wong Jawane têlas | wus padha seba mariki | ing jro kutha namung kari Si Walănda ||
16. Ki Baurêksa aturnya | yèn suwawi ki dipati | wadya kang mêdal lautan | punika kang dèrèng prapti | dhingin sampun ajangji | ing yuda sarêng tumêmpuh | anggêmpur pun Walănda | lamun sambada ing galih | ingantosan sadina ing kalih dina ||
17. Dipati Mandurarêja | anurut aturirèki | Ki Tumênggung Baurêksa | miwah wadya ing pasisir | sadaya rêmbag sami | mêdala ing kalih dalu | ênêngêna saksana | kocapa rajèng Mêtawis | anèng pura pinarêk lawan kang uwa ||
18. kangjêng sultan angandika | lah uwa Purubayèki | jêngandika sumusula | mayangana ing ajurit | andika têtuwani | wadya kang mêdal ing laut | nanging wêkas kawula | uwa [u...]
--- [f. 319r] ---
[...wa] sampun anêmêni | jêngandika adamêl tilas kewala ||
19. Panêmbahan Purubaya | sandika anulya pamit | mêdal sangking jro kadhatyan | panêmbahan wus lumaris | nanging tan mawi baris | ngamungna kang anak putu | kapêdhak lan lêlurah | punika ingkang umiring | tan kawarna ing marga praptèng Jêpara ||
20. Panêmbahan Purubaya | adarbe palwa pribadi | awasta pun Kaladuta | warnane tuhu ngajrihi | anulya dèn titihi | kang layar binabar sampun | prapta têngah lautan | sigêgên ingkang lumaris | kawarnaa Dipati Mandurarêja ||
21. sampun amiyarsa warta | Panêmbahan Purbayèki | amayangi lampahira | langkung merang sang dipati | lampah dèn têtumpangi | anêmbang têngara sampun | Tumênggung Baurêksa | sampun tinata kang baris | wong pasisir barise muntab mêlatar ||
22. miwah kang mêdal lautan | wadya Sampang wus mayangi | syarane bala gumêrah | Walănda sampun udani | yèn arsa dèn unggahi | tambure muni gumruduk | Kumpêni wus malatar | mariyêm lela miranti | êbum gurnat gutuk api lan gurnada ||
23. sadaya sampun samêkta | mariyême amarêki | saradhadhune prayitna | sinapane kang dèn cangking | kocapa wong pasisir | ajangji sarêng anêmpuh | Adipati Mandura | arsa ngawaki pribadi | ngrasa merang yèn dèrèng yuda kênaka ||
85. Pangkur
1. Ki Mandura atêngara | wong pasisir kinèn mangsah ajurit | kang têngara muni umyung | suraknya asauran | karsanira angrangsang kutha anggêpuk | sanjata abarondongan | wong Jawa lawan Kumpêni ||
2. wong pasisir ngamuk rampak | wong Kumpêni prasamya ngati-ati | mariyêm sinulêd sampun | syara lir pendah gêlap | kang pratala [pra...]
--- [f. 319v] ---
[...tala] obah akathah wong kombul | bala pasisir kèh pêjah | nanging maksih ngrangsang wani ||
3. tan ana măngga puliha | ingkang mara mara akathah mati | ingkang mundur kathah tatu | gêgaman pan wus ura | dening mimis nanging kasaput ing dalu | wong Jawa mundur sadaya | manahira sami miris ||
4. sarêng enjing kawarnaa | Ki Mandura nêmbang têngara malih | wadya kang ana ing laut | pan sampun ingutusan | mapan kinèn sarênga panggêpukipun | palwa wus minggir sadaya | mariyêm sampun miranti ||
5. Walănda sampun atata | bêbêdhilan kang ana ing pasisir | mariyêm anèng pêrau | sampun ngungkuli kutha | sinulêdan syaraning kadi galudhug | kadya gêlap asauran | kang kukus pêtêng lir wêngi ||
6. wadya kang miyos lautan | pan akathah antukira pêpati | mariyêmira pan antuk | Walănda kathah pêjah | têtindhihe pêpitu ingkang kasambut | prandene kang maksih gêsang | tan ana miris ing ati ||
7. ênêngêna kang ayuda | kang kocapa panêmbahan wus prapti | angambang têngahing laut | nênggih pun Kaladuta | palwanira agêng apanjang abagus | nênggih kocaping carita | wontên palwa agêng prapti ||
8. anênggih kapal Walănda | karyanira ayun amêmayangi | gêgaman kang anèng laut | iku kang dadi sêmang | palwa kapal têtiga ing kathahipun | Panêmbahan Purubaya | uninga amarêpêki ||
9. Walănda kang anèng palwa | wus uninga samya angati-ati | mariyêm sinulêd sampun | Panêmbahan Purbaya | datan kandhêg palwanya anandêr asru | ngadêg lir taksaka lanang | warnane anggêgilani ||
10. sigra anulya angrunjang | palwanira gêntur lir pedah bêdhil | syaranira gumalêdhug | saengga kadi gêlap | palwa kapal Walănda [Wa...]
--- [f. 320r] ---
[...lănda] pan sampun rêmuk | kèrêm têngahing samodra | lumajêng palwa kang kalih ||
11. wus misuwur ingkang warta | yèn Pangeran Purubaya wus prapti | pêrang anèng têngah laut | kapal agêng kang pêcah | sampun kèrêm ingkang kêkalih lumayu | Walandi sami miyarsa | kêkês manahira tintrim ||
12. dene ta sampun kaloka | Panêmbahan Purubaya sinêkti | kawarta yèn bisa mabur | natkala ing sêmana | wong Walănda atintrim sadalu-dalu | awang-awang binêdhilan | obate sampun atipis ||
13. enjing malih kawarnaa | Panêmbahan Purubaya wus minggir | wong pasisir sami wêruh | kang anèng ing lautan | arsa mangkat sumêdya sarêng anêmpuh | palwa aminggir sadaya | Kumpêni sampun arakit ||
14. Walănda kang anèng kitha | bêdhil gêdhe kang anèng ing pasisir | tinutupan karsanipun | sampun ingarah-arah | mimisira supaya kêna malêbu | tumulya sigra pinetar | sisip pangarahirèki ||
15. lêlambene ingkang kêna | malah gêmpal mariyêm ing Mêtawis | petar-pinetar adangu | parau kathah pêcah | wadya alit ingkang kèrêm kathah lampus | myang Walănda kathah pêjah | prajurit pêjah kêkalih ||
16. Panêmbahan Purubaya | wus tumêdhak sangking palwanirèki | panakawane têtêlu | punika kang binêkta | ingkang ngampil lantaran kalawan kuthuk | lawan kang bêkta pawohan | Walănda sampun udani ||
17. gupuh sira pinetaran | mariyême sadaya dèn sulêdi | syarane pating jalêgur | gurnat lawan gurnada | gutuk kapi syarane lir gunung rubuh | tambure lir kadi gêrah | syara lir karêngèng langit ||
18. lir bêdhili wêwayangan | panêmbahan sigra amarêpêki | Walănda sangsaya
--- [f. 320v] ---
gugup | gègère apuyêngan | kang sawênèh bêdhile marêp mandhuwur | manahira butarêpan | mênawa mêtu ing langit ||
19. panêmbahan angandika | hèh Walănda dene kapati-pati | apa ngandêlkên kuthamu | dumèh kandêl awiyar | lamun ingsun têmênana pasthi gêmpur | mapan sarwi tinudingan | kutha bêdhah sêdhêng jalmi ||
20. Panêmbahan Purubaya | angandika dhatêng para bupati | lah karia sanak ingsun | manira layar nêngah | anjagani musuh kang ana ing laut | panêmbahan sigra layar | sakêdhap datan kaaksi ||
21. ciptanira panêmbahan | karsa lajêng kondur dhatêng Mêtawis | dening sampun karya bantu | kang tilas gora-gora | wong Walănda sadaya sami atakut | dadya sami ambêk pêjah | sêdya tumpês jroning laji[81] ||
22. dandananira mèh têlas | obat mimis mapan sampun atipis | kawarnaa kang nèng kidul | Tumênggung Baurêksa | anrangbaya andhêsêg ing bitingipun | sakathahe wong Ngastina | prasamya angêlar biting ||
23. Walănda kala sêmana | pan anêlas kedahira ing jurit | mimisnya kinum ing uyuh | kinurah lawan berak | kang sawênèh gajih cèlèng wêdhakipun | wong Walănda wus uninga | yèn wong Jawa ngingsêr biting ||
24. anulya dandan sadaya | wus mêlatar mariyêm dèn sulêdi | gurnada muni jumlêgur | syaranya kadya gêlap | kang katiban wong Jawa akawur-kawur | Ki Tumênggung Baurêksa | samana anandhang kanin ||
25. katiban mimis sêsawat | pupunira putung manguwir-uwir | wong pasisir kathah lampus | mimis pan kadi udan | wong Walănda mimise kêdhik kang kantun | wêtara kari sadina | nora duwe mimis malih ||
26. Dipati Mandura mulat | balanira tansah kêna ing mimis |
--- [f. 321r] ---
dadya rêmbag sarêng maju | Ki Mandura wus mangsah | pra santana sadaya sarêng anêmpuh | wong Walănda kagegeran | mariyême dèn sulêdi ||
27. syarane lir gêlap sasra | kang pratala obah agonjang-ganjing | wong Mêtaram akèh kombul | sawênèh kang kasangsang | ana tiba sawênèh nuli lumayu | kang sawênèh ana sêmpal | wênèh putung nguwir-uwir ||
28. wênèh sirah kaprawasa | janggut pisah gulu manguwir-uwir | sawênèh pupune rêmuk | pukang dadi sêsawat | kang sawênèh ana bêdhah wêtêngipun | ususe akuleweran | wong pasisir akèh mati ||
29. sawênèh binêdhil kontal | tiba tangi anulya mangsah malih | Ki mandura pêrangipun | mimis kadya wêwêdhak | lamun lèrèn ingusapan padha runtuh | anulya mangsah ing rona | wus parêk kalawan biting ||
30. Walănda mimise têlas | kang mariyêm dipun mimisi tai | dènnya ngisèni kasusu | datan ngantèni wadhah | têpiyone ingkang kinarya cêcawuk | kêbêk tai wus pinasang | bêdhil muni udan tai ||
31. wong Madura kathah pêjah | ingkang têguh sami awuru gêtih | gêlabut tai sadarum | wênèh agulagêpan | prajurite sadaya pan sami wuru | wênèh mutah bulaeran | tan kobêr mangsah ajurit ||
32. Dipati Mandura sayah | undurira sami awuru tai | Kya Mandura munggut-munggut | sadalan mutah-mutah | kang santana watara kari rong puluh | wadyanira sampun têlas | kang urip tan bisa tangi ||
33. sami lajêng mring bêngawan | asilulup busana dèn buwangi | sadaya asalin sampun | mantuk mring pamondhokan | Ki Mandura wadyabalane wus rêmpu | nanging maksih waninira [wani...]
--- [f. 321v] ---
[...nira] | prasamya angrangsang malih ||
34. Walănda wus kagegeran | panggêdhene akathah ingkang mati | kapitan sêkawan lampus | lutnanira sakawan | ingkang cilik kang mati tan kêna ngitung | akathah mariyêm pêcah | mawur tumpês kang Wêlandi ||
35. Walănda amimis berak | wong Mêtaram tan ana mara malih | Walănda sami amuwus | ragane wong Mêtaram | wêdi tai ing mêngko padha lumayu | mimis rante tan rinasa | tai uyuh dèn unduri ||
86. Durma
1. ênêngêna kang atugur ing Jakarta | kangjêng sultan winarni | miyos siniwaka | dening mantri sadaya | para santona anangkil | Pangran Purbaya | samana lagya prapti ||
2. sarêng seba ngandikan marang ing ngarsa | tumulya matur aris | kawula jêng sultan | paduka utus prapta | amayangi ingkang jurit | dhatêng Jakêrta | sampun ulun lampahi ||
3. sampun karya ulun tilas gora-gora | kapal rêmêk satunggil | nanging wadya nata | pasisir sampun rêsak | yudanipun kathah mati | pun Baurêksa | wartinipun akanin ||
4. pun Mandura sampun ngawaki priyăngga | tumpês wadyanirèki | anak putunira | akathah ingkang pêjah | sampun mèh angrangsang biting | Arya Mandura | kondur ing mimis tai ||
5. pun Walănda sangking mimisipun têlas | obatipun atipis | têlas kedahira | anêdya têtumpêsan | wong Walănda sampun tintrim | yèn bantonana | wadya sangking Mêtawis ||
6. pasthi bêdhah kuthanipun ing Jakarta | ing mangke kadospundi | karsa sri nalendra | batên yèn siyosêna | panggêcêkipun Walandi | sri naranata | pangandikannya [pa...]
--- [f. 322r] ---
[...ngandikannya] aris ||
7. lah ta uwa ing mangke karsa manira | sun kon mundur kang jurit | lah ta wruhanira | sakèhe wong Mêtaram | ing sapungkur ingsu[82] benjing | nak putuningwang | lunga sangking Mêtawis ||
8. ing Mêtaram bêdhah mring kang duwe dhawak | tan ana kang dèn ungsi | amung Si Walănda | ingkang angangkat raja | marmane ingsun timbali | ingkang ayuda | ing mêngko sun kon mulih ||
9. lah wong gandhèk kalawan Singanagara | sira lunga dèn aglis | sira timbalana | kang ana ing Jakêrta | undurêna kang ajurit | Si Baurêksa | patènana dèn aglis ||
10. Si Mandura aja mulih mring Mataram | pêrnahêna ing benjing | Kaliwungu sira | lah wus padha mangkata | ingkang kinon awotsari | sigra lumampah | tan kawarna ing margi ||
11. sampun layar aglis prapta ing Jakarta | mapan sampun apanggih | lawan Ki Mandura | pan sampun tinimbalan | kinèn mundura kang jurit | i jêngandika | dhatênga Lèpèntangi ||
12. Ki Mandura wus angrasa manahira | pan anyipta yèn mati | atêngara bubar | sampun anitih palwa | Baurêksa dèn suduki | kala sêmana | wong pasisir atintrim ||
13. sampun bubar wadya pasisir sadaya | Walănda aningali | bungah manahira | angrasa lamun gêsang | pangrasane wong Kumpêni | mungkahe berak | dadi prajurit sêkti ||
14. satuhune yèn Jakarta têmênana | găndra pira Walandi | alime jêng sultan | sami aparêmbagan | dadya utusan tumuli | dhatêng Mêtaram | ngaturi bulupêkti ||
15. kawarnaa Ki Mandura sampun prapta | nagara Lèpèntangi | sanak putunira | sami kawêlasarsa | saundurira [saundur...]
--- [f. 322v] ---
[...ira] ajurit | sangking Jakarta | babadira winilis ||
16. wong apêrang tinata jalma kang mulya |[83] iku sangkalanèki | Kiyai Mandura | pan sampun pinêjahan | ing nagara Lèpèntangi | wus ingastana | nênggih ing Lèpèntangi ||
17. duk sêmana tan kawarna laminira | Kangjêng Sultan Mêtawis | enjing sinewaka | dening para santona | pêpêk wadya ing Mêtawis | para dipatya | sadaya samya nangkil ||
18. angandika sang nata mring arinira | Pangeran Adipati | Silarong kang nama | yayi sira mintara | sira sun ayoni kardi | bala Mêtaram | adunên ing ajurit ||
19. Balambangan iku yayi dèn kabêdhah | aja kongsi niwasi | paman Pringgalaya | aja padha pêpeka | lan sakèhe wong Mêtawis | sira adua | yèn ana kang ngaliwing ||
20. patènana sira gawe tontonan |[84] lan ingsun anggawani | jêjênêng ayuda | gandhèk pan sanak ingwang | Padurêksa ingsun pilih | anake paman | Pringgalaya sumêndhi ||
21. iku ingsun karya awak-awak ingwang | kalawan sira adhi | ya basaa kakang | marang Si Padurêksa | iku sun gawe sêsilih | kang sun go tingal | polahe wong Mêtawis ||
22. dina Soma ing benjing sira mangkata | kang rayi awotsari | sang nata wus bubar | sangking ing pagêlaran | malêbêt ing dalêm puri | ngiring bêdhaya | wong dalêm lawan sêlir ||
23. wus alami wasona praptèng ubaya | enjang sultan tinangkil | sakèhing prawira | samya pêpêk sadaya | miwah Pangeran Dipati | Silarong prapta | kalihan ingkang rayi ||
24. kang wasta dipati ing Pringgalaya |[85] santananya sêpalih [sêpa...]
--- [f. 323r] ---
[...lih] | kang jaga lumampah | sampun pêpêk sadaya | miwah ingkang para mantri | gêgamanira | ngalun-alun miranti ||
25. angandika kangjêng sultan mring arinya | bubarêna kang baris | lah ta adhi poma | aja kurang prayitna | kang rayi sigra ngabêkti | têngara munya | bubar wadya Mêtawis ||
26. wus kumêrab wadyabala ing Mêtaram | prapta jawining Taji | bala ambêlabar | tan kawarna ing marga | wus prapta bumi Kadhiri | măncanagara | punika kang dèn anti ||
27. kang dèn antos wus sami prapta sadaya | nulya bubar kang baris | Kadhiri kalintang | inganti Pasuruan | wadya pasisir wus prapti | ing Pasêdhahan | wiwit anata baris ||
28. sampun bubar gêgaman praptèng Lumajang | nanging maksih lumaris | tan alami prapta | watêsing Balambangan | alêrêb anata baris | sampun kawarta | misuwur ing wong Bali ||
29. Balambangan ing jro kutha apuyêngan | sampun atur upêksi | mring Bali anabrang | pan sampun binantonan | wong Bali kang bêcik-bêcik | kang tau tatal | ngalahakên nagari ||
30. Adipati Balambangan kawarnaa | putranira kêkalih | awasta Mas Kêmbar | kinon atunggu pura | wus bubar sangking nagari | pan sampun prapta | tapêl watês nagari ||
31. wus kapêthuk cucuk prang wangwang-winangwang | dadya campuh kang jurit | bala Bêlambangan | tulup gêgamanira | pan samya atakêr wani | têmpuhing yuda | lir udan sinamèni ||
32. pan wong Bali pêngamuke kadi macan | wong Mêtaram nadhahi | akathah kang pêjah | Pangeran Padurêksa | aningali wong Mêtawis | yèn kathah pêjah | dadya karsa ngawaki ||
33. katingalan gêgaman wetan arusak | wong cilik akèh mati | sigra [si...]
--- [f. 323v] ---
[...gra] anêrajang | Dipati Pringgalaya | tumingal kang raka jurit | sami umangsah | santana ing Mêtawis ||
34. wus atêmpuh wong Balambangan kèh pêjah | wong Bali akèh mati | miwah wong Mêtaram | kathah mati ing upas | pasêrnya kadya garigis | wadya Mataram | bingung kèh ora eling ||
35. wong Pagêlèn arampak pêngamukira | tarung lawan wong Bali | akathah kang pêjah | mapan kari apanjang | waosipun ing wong Jawi | putung kang watang | pinancas landhêp malih ||
36. pan wong Bali Bêlambangan kathah pêjah | pêrangira kalindhih | pan sampun lumajar | angungsi pamondhokan | samana kasaput wêngi | wadya Mêtaram | kang lumayu wus bali ||
37. Jêng Pangeran Silarong sampun uninga | yèn balane kèh mati | anulya tumêdhak | kang mati dening upas | sinepakan padha tangi | ingkang tan gêsang | kang kêna tumbak kêris ||
38. ênêngêna wontên ta ingkang kocapa | sêntana ing Mêtawis | nênggih ingkang putra | Pangeran Pringgalaya | anênggih dadi wêwêri | anèng Mêtaram | dursila amêmaling ||
39. kang awasta Rahadèn Wăngsakartika | dadi maling sinêkti | karyanya ajina | asring marjaya tiyang | punika dados wêwêri | wadya Mêtaram | tan ana ingkang wani ||
40. milanipun kinesahakên saksana | sangking nagri Mêtawis | anèng Pasuruan | Radèn Wăngsakartika | sêmana amirsa warti | yèn arinira | kalih tumut ajurit ||
41. sigra mangkat anusul ing pabarisan | nulya sira kapanggih | lawan rayinira | Rahadèn Padurêksa | uninga nulya ngabêkti | tan nyana ingwang | kakang dika kapanggih ||
42. ingkang raka aris dènira anabda | ingsun têtakon yayi | kapriye kang yuda | kang rayi matur sigra | kuwalahên wong Mêtawis [Mêtawi...]
--- [f. 324r] ---
[...s] | gène ayuda | akathah ingkang mati ||
43. yèn mêngkono yayi ing karêp manira | ingsun milu ajurit | sokur ngong matia | aja awèt nèng donya | awirang ingsun ningali | mring sanakira | santana ing Mêtawis ||
44. angur ingsun matia anèng payudan | urip dèn gêgêthingi | ingsun ayun wruha | tandange musuhira | ingsun amuke ing wêngi | wong Balambangan | miwah kang musuh Bali ||
45. sigra mangkat Rahadèn Wăngsakartika | arsa ngamuk ing wêngi | kang rayi turira | kula măngsa kantuna | kang raka asru apênging | hèh yayi aja | dudu sabanirèki ||
46. sampun mangkat Rahadèn Wăngsakartika | aglis prapta ing biting | sigra linumpatan | sampun prapta ing têngah | wong Bali dipun suduki | wong Balambangan | gègèripun sawêngi ||
47. apuyêngan wong jro biting salang tunjang | sami batur pribadi | wong Bali kèh pêjah | miwah wong Bêlambangan | ingkang ngamuk tan kaèksi | bangun raina | anulya dèn unduri ||
48. nanging taksih gègèripun apuyêngan | malah tumêkèng enjing | sampun byar raina | nulya tata gêgaman | pan sadya ngantêp ing jurit | liwung ing nala | dening kalah kèh mati ||
49. sigra mangsah wadyabala ing Mêtaram | nulya têmpuh ing jurit | surak lir ampuhan | kalăntaka lan tinggar | lela sami dèn sulêdi | syara lir gêlap | kadya rubuh kang langit ||
50. manthuk-mantuk kang prawata kadya bêntar | bumi agonjang-ganjing | Radèn Padurêksa | nêngah marang payudan | pêngamuke mobat-mabit | numbak anigas | anuduk mangakahi ||
51. kang santana uninga ngamuk sadaya | miwah wadya Mêtawis | atêmpuh kang yuda | wong Bali Balambangan | bêbêcike akèh mati | pating sulayah | mayid susun atindhih ||
--- [f. 324v] ---
52. Padurêksa pêngamuke kadi yaksa | sinosok de wong Bali | nanging tan rinasa | lir pendah Panjangputra | sinasog ing gadhong pari | wong Bêlambangan | pêrange wus kalindhih ||
53. wong ing Bali Bêlambangan sami susah | manahira atintrim | yèn pêrang raina | datan măngga puliha | yèn wêngi dipun amuki | akathah pêjah | gègèr sawêngi-wêngi ||
54. kang anama Rahadèn Wăngsakartika | pêngamuke ing wêngi | Radèn Padurêksa | pêngamuke raina | marmane sami atintrim | wong Balambangan | sami lalos kang wêdi ||
55. wus raina wong Mêtaram samya mulat | musuh lalos ing wêngi | sigra atêngara | arsa malêbêt kitha | sêdyane ambêboyongi | sampun lumampah | wong cili jêjarahi ||
56. Ki Mas Kêmbar samana sampun kacandhak | prasamya dèn cêkêli | pan sampun binănda | wong cili binoyongan | lanang wadon datan kari | yèn ana băngga | amêsthi dèn patèni ||
57. kang sawênèh wadyabala Balambangan | angungsi marang ardi | Ki Ajar Saloka | kang dèn ungsi samana | wong Mêtaram angunggahi | malah apêrang | ki ajar sampun kêni ||
58. sapraptane ki ajar ing pasanggrahan | nora mêndhêk tumuli | angadêg kewala | Pangeran Pringgalaya | panasbaranan kang galih | Ajar Saloka | dèn jêglong sangking wuri ||
59. Jêng Pangeran Silarong aris ngêndika | lah sira ki wêwasi | dahwe lakunira | ngukuhi wong akathah | sira mêngko sun patèni | ajar angucap | pan nora sun gingsiri ||
60. nora ingsun kalamun asalah karya | iya nyata dèn ungsi | amapag[86] ing pêrang | pan karêpe priyăngga | ya ingsun ingkang nglampahi | măngsa bakala | dewa kang ngawikani ||
61. mapan ingsun ing benjang malês ing sira | yèn ana ratu luwih | gèthèk bau
--- [f. 325r] ---
kiwa | iku sira dèn yitna | jêng pangeran anauri | buh uninira | anulya dèn suduki ||
62. kae ajar tan antara nulya ical | jisime tan kaèksi | agawok tumingal | sakèhe wong Mataram | sang dipati sigra angling | akèn têngara | bubar sakèhing baris ||
63. tan kawarna bubarira wong Mataram | prapta nagri Matawis | prasamya aseba | dhatêng ing pagêlaran | kangjêng sultan wus tinangkil | sami mangrêpa | muka konjêm ing siti ||
64. sampun katur sapolahira ayuda | dhatêng sri narapati | miwah bêboyongan | sampun katur sadaya | karênan sri narapati | iku Si Kêmbar | uculana dèn aglis ||
65. ulihêna mring nagara Balambangan | ngayomana kang kari | lan upatanana | yèn balila maring wang | aja anêmu basuki | wus inguculan | nulya ngatêrkên mulih ||
66. sri narendra bubar gènnya siniwaka | kandhêg ing srimanganti | gandhèk Saradula | sêmana ingandikan | sampun dinangu atiti | polahe yuda | sampun katur sang aji ||
67. saradula umatur sarya wotsêkar | kawula nuhun gusti | karuhun kang yuda | rayi paduka nata | mapan sampun bosak-basik | pun Padurêksa | punika angawaki ||
68. pangamuke Padurêksa kadi yêksa | braja datan nêdhasi | wong Bali kabêdhag | wontên sadhèrèkira | kang mangsah ngamuk ing wêngi | Wăngsakartika | wastanipun anênggih ||
69. pan rumuhun putranipun Pringgalaya | ingkang dados wêwêri | kang paduka bucal | dhatêng ing Pasêdhahan | punika tumut ajurit | wong Balambangan | kawonipun ing wêngi ||
70. Saradula aturipun sampun nêlas | bubar sri narapati | kondur angêdhatyan | tan kawarna laminya | dina Soma sri bupati | arsa sineba | enjang dènnya amijil ||
--- [f. 325v] ---
87. Mijil
1. mundhut kampuh sang sri narapati | abusana kaot | wus busana lir Yang Asmarane | singa mulat kathah kang kasarik | wus mijil ing kori | pucara supênuh ||
2. wus lumampah ing ngarsa nêrpati | caratan paidon | kacêpuri asri pawohane | pohjênggi gandhèk lan Sawunggaling | kacêpuri asri | tinon ing sang prabu ||
3. orêg kabèh wadya ing Matawis | prasamya atakon | kangjêng sultan busana ingangge | ajri[87] nyami panganggèn nêrpati | sakathahe mantri | prasamya atakut ||
4. lamun ana mêmadha kang mantri | pangangge sang katong | kinèn mundur dening sakancane | sinung basa tan wruh ing prayogi | undurnya awêdi | prasami lumayu ||
5. wus asalin prasamya anangkil | kocapa sang katong | wus pinarak ing singangsanane | asung cipta mring kang para mantri | wong Mataram ajrih | prasamya tumungkul ||
6. datan ana syarane kumlisik | miwah ing kadhaton | datan ana obah sakabèhe | miwah pêksi tan ana kang muni | kêmasan lan gêndhing | lawan manuk êngkuk ||
7. mung punika ingkang taksih muni | pinirsa dening wong | langkung rêsmi rinungu syarane | wus adangu sang sri narapati | dènira tinangkil | ngandika sang prabu ||
8. amariksa[88] kanthaning ajurit | Balambangan kang wong | sapa ingkang amojok gawene | para mantri prasamya wotsari | anênggih rumiyin | kang rosa prangipun ||
9. anadhahi pangamuk wong Bali | jêjênêng sang katong | Padurêksa anênggih wastane | wontên sadhèrèkipun satunggil | angamuk ing wêngi | langkung sêktinipun ||
10. pun Wăngsakartika kang wêwangi | ngandika sang katong | iku sapa mangkono [mangko...]
--- [f. 326r] ---
[...no] arane | mapan ingsun durung ngudanèni | kang matur wotsari | anulya umatur ||
11. inggih sutanipun paman aji | Pringgalaya kang wong | ingkang dados wawêri nagrine | ing Mêtaram ingkang lampah maling | katur ing sang aji | karuwun tinundhung ||
12. angandika sang sri narapati | wong sêsanak abot | lamun nora nana pakewuhe | anglakoni ing lara lan pati | yèn ana ajurit | iku têka ngampung ||
13. sira timbalana dipun aglis | sebakna maringong | ya Si Padurêksa ta ing mangke | ingsun junjung dadia bupati | namaa Ngabèi | Têpèngsara iku ||
14. ajajara lan santana mami | sèwu lungguhnya wong | pra santana angèstrèni kabèh | sampun bubar sang sri narapati | malêbêt ing puri | para graha mêthuk ||
15. duk sêmana Sultan ing Matawis | têlasing lêlakon | nulya ing Ngukur duk pambalike | angrêmbugi Sumêdhang ambalik | duka sri bupati | marang Singaranu ||
16. mara sira dadia tatindhih | sêparo kang uwong | ya ta lumampah kang punggawane | maring Ngukur punggawa Matawis | tan amanggih jurit | binoyongan sampun ||
17. sarupane ingkang lanang mati | kang wadon binoyong | sampun prapta ing Mataram age | dadya ajrih kang măncanagari | pan dadi têpaning | bedhahe ing Ngukur ||
18. kangjêng sultan jumênêng nrêpati | roro kang kêdhaton | ing Sagara Kidul sanunggile | Nyai Kidul kang garwa nrêpati | mila sri bupati | loro kithanipun ||
19. Nyai Kidul kang ingaran pêri | parayangan kang wong | nora suka yèn dudu jatine | mapan wijil sangking manusèki | pan
--- [f. 326v] ---
putra sinêkti | ingkang asêsunu ||
20. duk kapanggih putra ingkang brangti | sarêng mulat kang wong | sarêng korud putra lan putrine | sangking karsaning Yyang Kang Aluwih | prasa anunggil |[89] dadi Nyai Kidul ||
21. kangjêng sultan karsa acangkrami | bubar sing kadhaton | Pamancingan sang nata jujuge | sampun rawuh têpining jaladri | sakathahing pêri | prasamya amêthuk ||
22. Nyai Rara pan sampun lumaris | amêthuk sang katong | êjim pêri mapan sampun kinèn | anampani pucara sang aji | Nyai Rara aglis | kinanthi sang prabu ||
1 | kontit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 59.2.7). (kembali) |
2 | kagum (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 59.6.2; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 33.10.2). (kembali) |
3 | kang jurit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 59.6.2; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 33.10.2). (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata: prajurite kèh mati. Bandingkan: wong wetan akèh mati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 59.6.7); prajurite kèh ênting (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 33.10.7). (kembali) |
5 | kinaroyok (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 59.11.5). (kembali) |
6 | goroh (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 59.12.4). (kembali) |
7 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: panganggya obra muncar (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 59.18.4); pinênganggenan giwang (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 33.22.4). (kembali) |
8 | balêdig (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 59.18.5; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 33.22.5). (kembali) |
9 | Biasanya guru lagu i. Bandingkan: Matawis (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 33.24.7). (kembali) |
10 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: iku si prawira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 59.24.3); iku wong prawira (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 33.27.3). (kembali) |
11 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lah Jasupănta iki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 59.27.2); Jayasupănta tuwin (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 33.30.2). (kembali) |
12 | praptèng (dan di tempat lain). (kembali) |
13 | Lebih satu suku kata: sang dipati ing Pathi amasanggrahan. (kembali) |
14 | injing. Bandingkan: enjing (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.3.2). (kembali) |
15 | ing. (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kangjêng sultan sigra ngandika aris (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.9.2). (kembali) |
17 | Biasanya guru lagu i: Mêtawis. Bandingkan: Matawis (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.10.2). (kembali) |
18 | Bandingkan: jurang palwa (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.10.7). (kembali) |
19 | ampiri. (kembali) |
20 | Lebih satu suku kata: sampun prapta ing Pasuruhan nênggih. Bandingkan: sampun prapta Pasuruan nagari (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.14.2); Pasuruan gêgaman ing Mantawis (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.45.2); Pasuruhan gêgamaning Matawis (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 41.44.2). (kembali) |
21 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Pasuruan anênggih bupatinipun (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.45.5); sakathahe wong Pasuruan puniku (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.14.5); Pasuruhan namane bupatinipun (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 41.44.5). (kembali) |
22 | Lebih satu suku kata: kang kitha tinuguran. Bandingkan: sakidule ing kitha (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.15.4); kang sami binarisan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 41.45.4). (kembali) |
23 | prandene (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
24 | anggêndring (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.28.2). (kembali) |
25 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wong Mataram sadaya tan wèh lumaku (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.39.5). (kembali) |
26 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: boya wani yèn karsane pribadi (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.42.2). (kembali) |
27 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing mangke pandugèningsun (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.42.3). (kembali) |
28 | Singawêdana. (kembali) |
29 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sampun prapta ing Jurangpalwa nênggih (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.44.2). (kembali) |
30 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Jasupănta alon dènira amuwus (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.44.5). (kembali) |
31 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: datan kawarna laminya (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.47.1). (kembali) |
32 | Biasanya guru lagu u: ngadhatun. (kembali) |
33 | dhèwèke. (kembali) |
34 | Biasanya guru lagu e. Bandingkan: datan wurung sun balik ing rajèng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 61.8.3); pasthi ingsun amungsuh sang rajèng (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 35.8.3). (kembali) |
35 | Biasanya guru lagu e. Bandingkan: kapalira pinundhut ing mangke (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 61.18.3); kudanira pinundhut ing mangke (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 35.18.3). (kembali) |
36 | manawa. (kembali) |
37 | wadyanya. (kembali) |
38 | pangawatipun. (kembali) |
39 | enjang. (kembali) |
40 | angundhat-undhat (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 62.17.7). Bandingkan: ngundhat-undhat (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 36.19.7). (kembali) |
41 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: lampahe adhêdhayungan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 62.22.7); sinigêg kang lampah palwa (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 36.24.7). (kembali) |
42 | jujuge (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 62.24.3). (kembali) |
43 | numbakanyare (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 62.27.3; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 36.29.3). (kembali) |
44 | Santênan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 62.28.5; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 36.30.5). (kembali) |
45 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wus praptèng nagari Tuban (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 62.41.2); wus prapta nagari Tuban (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 36.33.2). (kembali) |
46 | lorodan. (kembali) |
47 | pinasang. (kembali) |
48 | gêlap (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 62.50.2). (kembali) |
49 | rajabrana. (kembali) |
50 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
51 | rajabrana. (kembali) |
52 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: patêmona ing Badholèng tata bala (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 37.4.9). (kembali) |
53 | Lebih satu suku kata: nêngna kang anèng samodra. (kembali) |
54 | pinrih. (kembali) |
55 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
56 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
57 | priyăngga. Bandingkan: pribadya (Babad Mangkuratan, British Library (Add MS 12293), Pupuh 38.20.4). (kembali) |
58 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
59 | asalin. (kembali) |
60 | Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
61 | watgata. (kembali) |
62 | bandhusanira. Bandingkan: bandhosanira (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 38.31.6). (kembali) |
63 | Arisbanggi. (kembali) |
64 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: jêng sultan ing Mataram (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 38.36.4). (kembali) |
65 | ngandikan. (kembali) |
66 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nora nana toya kang binukti (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 15.15.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 50.15.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 105.27.1; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 39.4.1); datan ana toya kang binukti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 65.4.1). (kembali) |
67 | amapagakên. (kembali) |
68 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
69 | wêrgu (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 40.27.5). (kembali) |
70 | pêpêk. (kembali) |
71 | Endranata (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 43.12.4). (kembali) |
72 | kang (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 44.40.5). (kembali) |
73 | Catatan: na dipangku. (kembali) |
74 | Teks asli kurang jelas. (kembali) |
75 | pondhokan. (kembali) |
76 | nitèni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.121.2). (kembali) |
77 | Tanggal: sirnaning pêndhawa tinata ratu (AJ 1550). Tahun AJ 1550 jatuh antara tanggal Masehi: 31 Agustus 1628 sampai dengan 19 Agustus 1629. Sangkala ini mengacu pada berakhirnya penyerangan Mataram ke Pati, yang diikuti dengan pengembalian para perempuan keraton (beboyongan) ke istana, serta perintah Sultan Agung untuk mengeksekusi Endranata karena dianggap telah berkhianat. (kembali) |
78 | patêmone (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 71.31.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 56.33.9; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 47.32.9; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 21.32.9). (kembali) |
79 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
80 | Lebih satu suku kata: gurnada gurnata cawis. Bandingkan: gurnada myang gutuk api (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 52.17.8); gunarda lan gutuk api (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 61.16.8). (kembali) |
81 | loji (dan di tempat lain). (kembali) |
82 | ingsun. (kembali) |
83 | Tanggal: wong apêrang tinata jalma (AJ 1551). Tahun AJ 1551 jatuh antara tanggal Masehi: 20 Agustus 1629 sampai dengan 9 Agustus 1630. Lihat juga: wong apêrang anatasi buta kala (AJ 1551) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 63.16.1); wong apêrang anatasing buta tala (AJ 1551) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 78.15.1); wong apêrang anatasi buta tala (AJ 1551) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 28.15.1). Sangkala ini mengacu pada wafatnya Ki Mandura di Lèpèntangi, sepulang dari pertempuran di Batavia (Jakarta). (kembali) |
84 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: patènana sira gawea tontonan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 78.19.1); patènana sira anggoa tontonan (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 54.21.1). (kembali) |
85 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang awasta Ki Dipati Pringgalaya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 78.25.1); kang awasta Adipati Pringgalaya (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 54.27.1). (kembali) |
86 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
87 | ajrih. (kembali) |
88 | Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
89 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: rasanya anunggil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 79.39.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 64.33.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 29.39.5). (kembali) |