Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118)

Judul
Sambungan
1. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 001–009). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 010–023). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 041–050). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 051–055). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 056–070). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 071–087). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
8. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 088–103). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
9. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
10. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 119–130). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
11. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 131–136). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
12. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 05-04-2025

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- [f. 375v lanjutan] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 1 dari 94

104. Dhandhanggula

1. sampun lêpas lampahe kang baris | ênêngêna kang maksih ne[1] marga | pangeran dipati anèm | sawadyabala agung | ing Jêpara ingkang winarni | Ngabèi Wăngsadipa | punika winuwus | sineba kang wadyabala | myang sêntana pêpêk kang para mantri |[2] andhèr anèng ngayunan ||

2. Ki Ngabèi Wăngsadipa angling | maring santananira sadaya | isun miyarsa wartane | kajêng[3] gusti puniku | Pangran Adipati Mantawis | tindak dhatêng Japara | wus rawuh ing ênu | lah payo padha amapak | ingkang kinon wus tata samya acawis | kyai ngabèi bubar ||

3. tan kawarna lampahnya nèng margi | wus[4] kapêthuk gêgaman Mêntaram | Kyai Wăngsadipane |[5] aglis dènnya tumurun | jêng pangeran dèn pêlayoni | rinangkul ingkang pada | ingaturan laju | sarawuhe ing Jêpara | masanggrahan ing dalême ki ngabèi | sawadyabalanira ||

4. dening sagung kang para bupati | samya mondhok anèng jawi kitha | ambêlabar gêgamane | sami prayetnèng kewuh | kawarnaa wadya pasisir | sampun miyarsa warta | yèn sang rajasunuh | kangjêng pangeran dipatya | sampun rawuh anèng Jêpara nênggih |[6] kêrik wadya Mêntaram ||

5. sêdyanipun bupati

--- [f. 376r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 2 dari 94

pasisir | arsa bidhal dhatêng Jêpara |[7] sampun pêpêg gêgamane | anulya bubar gupuh | Adipati Batang wus prapti | Dipati Pêkalongan | kalawan Kaliwungu |[8] ing Barêbês sampun seba | miwah Kêndhal ing Dêmak lawan ing Pathi | prapta sabalanira ||

6. ênangêna pangeran dipati | kawarnaa Radèn Trunajaya | ing Sampang kêlarehane | truse Madura tuhu | kaponakanira dipati | ing Sampang Cakraningrat | balila ing ratu | putrane Dêmang Mêlaya | kabil[9] mantu putrane Kajoran balik | angadêg Surabaya ||

7. Trunajaya wus anunggal kapti | lawan Raja Galengsong Mêkasar | ing Dêmung pasanggrahane | angajak sarêng gêmpur | yuda lawan wadya Mêntawis | tigan sapatarangan | nênggih jangjinipun | miwah kang para sêntona | para dhaèng sanggupe tan ana gingsir | myang kang wadya sadaya ||

8. mapan sampun jumênêng nêrpati | Trunajaya anèng Surabaya | Raja Galengsong rêmbage | bisikane Sang Prabu | Madurêtna ingkang wêwangi | nagari Surabaya | sadaya anungkul | pasisir măncanagara | sami suyut tan ana sawalèng kapti | mring Prabu Madurêtna ||

9. Prabu Madurêtna kêlangkung asih |[10] maring Raja Galengsong Mêkasar | langkung dèn ambil manahe | arsa pinundhut mantu | sangking dene lêga [lê...]

--- [f. 376v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 3 dari 94

[...ga] kang galih | angrasa angsal rowang | kanthine prang pupuh | prajurit tur abêbala | milanipun dèn ugung sapolahnèki | sira Raja Mêkasar ||

10. lawan sampun amiyarsa warwi[11] | lamun kangjêng pangeran dipatya | wus rawuh sagêgamane | nèng Jêpara akumpul | kêrik kabèh wadya Mêntawis | pasisir sadaya |[12] sagêgamanipun | pêpêk ane ing Jêpara | Trunajaya wus samya angati-ati | sadadanane yuda ||

11. ênêngêna kang wus ngadêk aji | kawarnaa kang anèng Jêpara | pangeran dipati anèm | sineba ing wadya agung |[13] muging[14] ngarsa wadya pasisir | Pangeran Purbaya |[15] pinarêk ing ngayun | miwah punggawa Mêntaram | pra sêntona kabèh prasamya anangkil | agêlar anèng ngayunan |[16]|

12. pangran dipati angandika aris |[17] mring kang eyang Pangeran Purbaya | kados punapa wartane | Trunajaya puniku | ingkang iyang umatur aris | inggih pun Trunajaya | wus jumênêng ratu | wontên nagri Surabaya | botên wontên kang sêdya amalang kapti | ajrih mring Trunajaya ||

13. wong pasisir wetan sami nangkil | ing Garêsik kalayan ing Tuban | Sidayu anangkil kabèh | măncanagara suyut | sami seba ing Surawèsthi | kangjêng pangrat[18] dipatya | micarèng ing kalbu | Trunajaya [Trunaja...]

--- [f. 377r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 4 dari 94

[...ya] bangkat karya | kayaparan besuk têmpuhing ajurit | ingsun lan Trunajaya ||

14. sadayane arsa sun wangsiti | wadyanisun pugawa Mêntaram | yèn katur rama sang katong | pasthi wirang kêlangkung | lamun isun nora mangsiti | yêktine akèh tiwas | ingkang aprang pupuh | nora nana kang katingal | Trunajaya wêtarane kaya lali | ubayane maringwang ||

15. wantuning wong kalamun wus mukti | aparentah sakèhe bupatya | sayêkti gêdhe atine | lali kawitanipun | sarta olih kanthi prajurit | têka nagri Mêkasar | balane rongèwu | kaya ngapa yèn gisira | pasthi besuk ing ayuda sun têmêni | pangeran angandika ||

16. inggih lêrês punika ingkang warti |[19] iyang sangking timbalan sampeyan | pun Trunajaya ing mangke | sampun saekakalbu | lan Galengsong sawadyanèki | angajak sarêng pêjah | ing benjing prang pupuh | wong Mêkasar lan Mêdura | lampah sampun sadhiya amêpêg baris | kang iyang aturira ||

17. lamun benjing têmpuhing ajurit | sakathahe abdi jêngandika | mêsah Mêkasar budane[20] | myang wadya Madurèku | wong Mêntaram ingkang kajawi | sampun karsane Sukma | apês juritipun | para punggawa Mêntaram |

--- [f. 377v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 5 dari 94

botên wontên ingkang jaya jurit |[21] manahe lir wanodya ||

18. lawan kula agèr tur upêksi | benjing pun kaki magut ing yuda | tan antara kasambute | samêdyane prang pupuh | inggih sampun karsane Widi | tan kenging gisirana | amasthi yèn lampus | dene sapukur manira | jêng ramanta jêngkar sangking ing Mêntawis | sakèhe wadyabala ||

19. angandika pangeran dipati | yèn mangkatên ingkang timbalan |[22] sampeyan kundura age | dhatêng nagri Mêntarum | kula ingkang mangsah ajurit | sakèhe wong Mêntaram | kang kawula adu | lawan pasisir sadaya | panêmbahan kang wayah dèn babisiki | nah anggèr lah kèndêla ||

20. nadyan kula mantuk ing Mêntawis | datan wande pêrang ing dêdalan | baya ta sampun pêsthine | kawula sampun sêpuh | lamun pêjah apolang jurit | sampun tuwuk pun iyang | mamong rama prabu | urip awêkasan pêjah | amiyarsa kangjêng pangeran dipati | wirayate kang ingyang ||

21. sêkêlangkung gêgêntun[23] kang galih | pan adangu tan kêna ngandika | pangeran dipati anèm | ngandika jrone kalbu | nora bakal karsane Widi | kinarya lêlampahan | iya awak isun |

--- [f. 378r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 6 dari 94

sigra pangeran dipatya | ingkang nêmbang têngara amêpêk baris | magut yuda kênaka ||

105. Pangkur

1. suwaraning wong kadya gêrah |[24] ambêlabar barise wong pasisir | miwah wadya ing Mêntarum | gadera[25] warna-warna | asri tinon lêlayung[26] lan umbul-umbul | awor ombake samodra | gêgaman agiri-giri ||

2. pangran dipati ngandika | mring sagunge bupati ing pasisir | ingsun amundhut pêrau | ingsun arsa ngêmota | sakathahe sangune wadya Mêntarum | padha motên ing baita | lang sagunge wong pasisir ||

3. ingsun miyos ing dharatan | sakathahe palwa layara dhingin | dene wong pasisir iku | lumakua nèng ngarsa | dèn prayitna sun karya cucuke pupuh | luru marga kang prayoga | jajahane wong pasisir ||

4. para[27] bupati Mêntaram | akanthia Pakalongan lan Pathi | lumakua wurinisun | pugawa lan sêntana | ing Mantaram aja doh gone lumaku | lawan isun kiwaningwang | Purubaya sampun têbih ||

5. wus bubar ingkang gêgaman | tingningalan[28] kadya prawata sari | wong pasisir anèng ngayun | gêgamaning asinang | kasambungan wadyabala ing Mantarum | kangjêng pangeran dipatya | krinubêng[29] sakèh prajurit ||

6. sumrêg kang wadya lumampah | nulya

--- [f. 378v][30] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 7 dari 94

sagung bupati ing Mêntawis | senapati ingkang langkung | Kangjêng Pangran Purbaya | kang gêgaman lir gunung gêni dinulu | wong Pathi lan Pakalongan | ambêlabar ingkang baris ||

7. kocap Prabu Madurêtna | amiyarsa yèn pangran adipati | bubar sagêgamanipun | sangking nagri Jêpara | nulya miyos sineba ing wadya agung | Madura măncanagara | andhèr wadya ing pasisir ||

8. wadya Mêkasar nèng ngarsa | prajurite yèn tinon angajrihi | Prabu Trunajaya muwus | maring Raja Mêkasar | kadipundi rêmbag dika anak prabu | wong Mêntaram sampun prapta | arsa gêcêk Surawèsthi ||

9. Raja Galengsong tur sêmbah | lamun prapta wadyabala Mêntawis | kawula ingkang amagut | yudane wong Mêntaram | ing paduka rama sampun tumut-tumut | mèngsêm Prabu Trunajaya | katarima pracayanin[31] ||

10. langkung suka ing wardaya | amiyarsa kang putra aturnèki | angandika sang aprabu | sira Dhadhangwêcana | ingsun karya pangawat kèri ing besuk | dene ta Si Mangkuyuda | pangawat kanan dèn bêcik ||

11. dene ta Si Wăngsaprana | anèng dhadha pêrnahira ing benjing | kanthia prajurit isun | manira anèng wutat | Darmayuda katigane putranisun | nindhihi wadya Mêdura | aja na mundur [mu...]

--- [f. 379r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 8 dari 94

[...ndur] ing jurit ||

12. ênangêna ing Surabaya |[32] kawarnaa wong agung ing Mêntawis | prapta anèng pasar laju | gêgaman ambêlabar | pan gumêrah kaèbêkan marga agung | ing Gêgadhog kang sinêdya | sae papaning jurit |[33]|

13. wong Mêkasar wus uninga | wadyabala Mêntaram ingkang prapti | lir dênawa polahipun | sêdhênge măngsa jalma | wong Madura prasamya aoncêlang lawung |[34] wong Mêkasar ting gariyak | kang sawênèh oclang lêmbing ||

14. sampun campuh ing ayuda | pan gumuruh surak karênge[35] langit | arame buru-binuru | bêdhil lir gunung rêbah | kukuse kang sêndawa pan kadya mêndhung | ing payudan alimêngan | datan katingal kang jalmi ||

15. wong Madura polahira | angajrihi lir banthèng tawan kanin | wong Mêkasar tandangipun | lir pedah saradula | tawok bêdhil kadi udan tibanipun | wong Mêntaram bubar-bubar | wong pasisir akèh mati ||

16. sadaya bala Mêkasar | pêngamuke anêngah kadi bêlis | wong Mêntaram kathah lampus | datan măngga puliha | gêgamane rusak kabèh tatanipun | para bupati Mêntaram | sadaya samya ngawaki ||

17. miwah kang para sêntana | pan sadaya sami ngawaki jurit | singa katêrajang larut | bêdhil lir gunung rêbah | wong Mêdura mawur akathah kang lampus | miwah kang wadya Mêkasar | yudane sampun kalindhih ||

18. Raja Galengsong tumingal | maring wadya

--- [f. 379v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 9 dari 94

akathah kang kalindhih | anyamêthi kudanipun | anêngah pêngamukira |[36] wong Mêkasar kang sampun sami lumayu | tumingal gustine mangsah | sigra bali ngamuk malih ||

19. sira Prabu Trunajaya | wong Madura kang sami dèn tindhihi | Tarunarakêt ranipun | lawan wong dinulangmangap |[37] awêtara kathahira kawan atus | lawan wadya papilihan | walung dasa kathahnèki ||

20. pan kadya liman amêta | pangamuke pan agagirisi |[38] têmpuh prajurit Mêntarum | panggih sami sudira | ramening prang prajurit akathah tatu | miwah wadya ing Mêdura | wong Mêkasar ngamuk wani ||

21. syarane bala kabranan | ting galêrêng wong Madura angukih | ya ta sira Ki Tumênggung | Wirajaya kabranan | Ki Ngabèi Wirapati tiba lungguh | kang wigata jajanira | ludira sumirat mijil ||

22. ki ngabèi wus karêmbat | pan binêkta ing pondhok sampun prapti | ki ngabèi nulya lampus | sigra pan binandhosa | wadyabala Mêntaram pasisir mawut | kadi gabah ingintêran | apuyêngan ingkang jurit ||

23. tan ana măngga puliha | wong Mêntaram yudanira kalindhih | kadya dhawuhan larut |[39] katêmpuh banjir bandhang | wong Mêntaram sadaya pan sami larut | kari lajêre kiwala | anèng têngahing ajurit ||

--- [f. 380r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 10 dari 94

24. kang minăngka lajêrira | Kangjêng Pangran Purbaya nênggih |[40] tan obah sabalanipun | gêgaman amêlatar | para lurah sami atap mugèng ngayun | miwah ingkang kulawăngsa | samya umatur ing gusti ||

25. yèn sêmbada ingkang karsa | lêhêng gusti mundura rumiyin |[41] sêdhêng ingkang abdi kumpul | sasisane kang pêjah | yèn wus lèrèh tinata kang sami larut | wadyabala ing Mêdura | nuntên tinêmpuh ing jurit ||

26. Panêmbahan Purubaya | angandika dhatêng[42] kang abdi aris | sakèhe lalurah ingsun | kang nora padha têrsna | marang ingsun muliha maring Mantarum | rêbutên nak rabènira | isun dhewe kang ngandhêmi ||

27. sira pa kamuktènira | nèng Mantaram durung jumanêng[43] mantri | pae kaya awak isun | sêntanane nalendra | nèng Mantaram sinêmbah sinêpuh-sêpuh | ing putra lawan sêntana | têka mudur ing ajurit ||

28. mendah ucape kang jalma | sêkathahe pugawa ing Mantawis | kang ora dhêmên maringsun | mendah pangucapira | lan maninge manira iki wis sêpuh | dèn muktèkakên sa nata | sêdhêng pêjah ing ajurit ||

29. Panêmbahan Purubaya | sampun wikan ing karsane Yyang Wadi | panêmbahan ngandika rum | sakèhe wadyaniwang | sun tuturi besuk nagri Mêntarum |[44] sapukur isun palastra | rusake angliwati |[45]|

--- [f. 380v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 11 dari 94

30. isun têdha ing Yya[46] Sukma | muga-muga aja kongsi amênangi |[47] rusake nagri Mêntarum | dening wus karsaning Yyang | tan antara wong Madura nulya rawuh | lawan têtiyang Mêkasar | polahe agêgilani ||

31. panêmbahan angandika | kudanira caosêna aglis |[48] manira magut prang pupuh | sakèhe lurah iwang | ingkang têrsna padha mèlua mringsun |[49] ingkang ora lumayua[50] | kang wadya sami anangis ||

32. sênaja[51] pêjah gêsanga | datan sêdya lamun tilara gusti | dipun kongsi ajur mumur | anèng têngahe ngrana | botên wagêt ngabdi liyane pukulun | anjalmoa kaping tiga | kawula gusti angabdi ||

33. sampun anitih turăngga | panêmbahan sigra mangsah ajurit | ingiring sawadyanipun | galong pipis ing yuda | sarêng gêmpur sêdyanira ta sadarum | sigra campuh ing ayuda | arame asilih ukih ||

34. wong Madura kathah pêjah | wong Mêkasar akathah kang nandhang kanin |[52] wong Madura mawut-mawut | ingkang katrajang bubar | wong Purbaya[53] manahe prasamya liwung | pangamuke nêdya pêjah | wong Mêkasar padha ngisis ||

35. Raja Galengsong bramatya | sigra mangsah sarwi angonglang lêmbing | kang wadya sumahab ngamuk | rame campuhe yuda | Trunajaya anêrajang anglambung |[54] Ki Tumênggung Darmayuda | anangkêpbi[55]

--- [f. 381r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 12 dari 94

sangking wuri ||

36. sakèh wadya Pasuruan | Darmayuda nênggih ingkang nindhihi | papuyêngan juritipun | tumbak bêdhil wus bêdhah | sami rukêt arame suduk-sinuduk | wadya Purbaya kèh pêjah | tanapi kang nandhang kanin ||

37. akathah kang nandhang brana | para lurah miwah ingkang ngêmasi | wadya Purbaya wus gêmpur | datan măngga puliha | panêmbahan kudanira sampun lampus | lumupat[56] kangjêng pangeran | sigra ngamuk karo kêris ||

38. wong Madura bubar-bubar | ingkang kamuk dhuwung wêsta pun Panji | dhasar wong agung wus sêpuh | medah kala taruna | sêkêlangkung panêmbahan têguhipun | datan pasah dene braja | dikjayane angêliwati |[57]|

39. apan wus karsane Sukma | wong Mêntaram apês yudane rèki | dhingin pilih ingkang musuh | maring wadya Mêntaram | wong Madura ing mangke kang lagya ugul | pan kinarya lêlampahan | dening Kang Amurbèng Bumi ||

40. Kangjêng Pangeran Purbaya | duk sêmana sampun dhawah alinggih | sangking sangêt sayahipun | tan pasah dening braja | kinarubut bala Madura anggêrgut | tanapi wadya Mêkasar | pira kuwate wong siji ||

41. nadyan [nadya...]

--- [f. 381v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 13 dari 94

[...n] kulita dêmbaga | jêng pangeran abêbalunga wêsi | otota kawata iku | asungsuma gêgala | nora wande rêmuk kêkathahên mungsuh | Pangeran Riya Balitar | awas dènira ningali ||

42. ingkang raka kinêmbulan | dening wadya Mêkasar Madurèki | pangeran sigra angamuk | wong ing Mêkasar bubar | wong Madura barisira sampun larut | kang raka nulya rinêbat | binêkta makuwon aglis ||

43. Kangjêng Pangeran Purbaya | dèrèng emut sadaya anglayadi | sampun karsane Yang Agung | prapta ing desanira | anglêrêsi ing taun Êdal puniku | ing sasi Saban sêmona | tanggal ping lima anênggih ||

44. layon sampun binadhusa[58] | pan binêkta mantuk dhatêng Mêntawis | sinêngkalan sedanipun | Kanjêng Pangran Purbaya | kang dahana cipta wisayane ratu |[59] senapati ngayuda |[60] seda têngahing ajurit ||

45. akathah wadya Mêntaram | pra punggawa manahe lir paèstri[61] | datan ana sêdya purun | sami kêkês sadaya | kasambuting Kangjêng Pangran Purbayèku | dening andêling ayuda | mila datan darbe galih ||

46. kangjêng pangeran dipatya | sigra budhal sawadyanira tan kari |[62] galihe kalangkung gugup | sasedane [sase...]

--- [f. 382r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 14 dari 94

[...dane] kang eyang | miwah para sêntona tan ana kantun | datan kawarna ing marga | ing Jêpara sampun prapti ||

47. rêrêp sadalu kewala | sarêng enjing bubar pangran dipati | mundur dhatêng ing Mêntarum | agênti kang kawarnaa |[63] Trunajaya angatag prajuritipun | kang aran Dhandhangwêcana | lawan[64] Radèn Wangsènggati ||

48. ingkang kinèn nututana | ing lampahe wadyabala Mêtawis | wong Mêkasar tindhihipun | aran Dhaèng Mangrewa | sigra bubar angajrihi polahipun | wadya Mêdura sumahab | gumêrah syaraning jalmi ||

49. sadalan-dalan ngrêrayah | kang kacandhak busana dèn dhèdhèli | anjêjarah langkung rusuh | wong desa bubar-bubar | kang sawênèh ana ingkang ngungsi gunung | sawênèh angungsi jurang | ing wana angungsi kali ||

50. wong ing desa sar-saran |[65] sami ngili abêkta anak rabi | kang kacandhak ing dêlagung | banjur rinayah pisan | bajag Sampang sakêlangkung dening rusuh | milane dadi bêbasan | carobone angliwati ||

51. ing Kudus sampun binêdhah | pan rinayah rajakayane ênting | binoyongan èstrinipun | wong desa kagegeran | sami giris manahe gawok andulu | wong ing Kudus awurahan | sêdaya sami angili ||

52. wong Santênan mapag yuda | wus kalindhih pêrange

--- [f. 382v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 15 dari 94

bala Pathi | rinayah sadarbèkipun | kang èstri binoyongan | langkung rusak wong Pathi sami kalulun | gêgaman lajêng mring Dêmak | samarga anjêjarahi ||

53. kocapa nagri ing Dêmak | padhusunan ing Têmpalong namanèki |[66] Martajaya namanipun | dene ta arinira | kang anama Ki Wiramantri puniku | têdhake Gadamastaka | anênggih namung kêkalih ||

54. Ki Martajaya lingira | kayaparan ing rêmbagira adhi | gaman Madura kang rawuh | sêdya gêcêk ing Dêmak | arinira Ki Wiramantri amuwus | inggih kakang atur kula | suwawi pinêthuk jurit ||

55. Ki Martajaya anabda | iya bênêr ing rêmbagira adhi | ingsun kêlangkung apêthuk | payo mêpêka gaman | dèn samêkta wong Madura ingkang rawuh | gêgaman tanpa wilangan | kang kamargan padha ngili ||

56. Ki Wiramantri sêmana | sigra nêmbang têngara mêpêk baris | wong Dêmak samya akumpul | samêkta ing ayuda | banderane awarna lan umbul-umbul | gêgamane amêlatar | wong Dêmak angati-ati ||

57. Ki Martajaya angucap | hèh wong batur sira pêlaur êndi | mati ana ing umahmu | lawan sira ing benjang | jinarahan binayong nak rabimu |[67] maring bala ing Madura | payo sira pilih êndi ||

58. wong Dêmak matur sadaya | inggih lêhêng pinagut ing ajurit | sênajan samia lampus [lampu...]

--- [f. 383r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 16 dari 94

[...s] | luhung pêjah ing Dêmak | kinawalan wong Mêdura pêrangipun | nutut tan wande katawan | luhung pêjah ing asiti ||

59. tan antara nulya prapta | wong Madura mapan samya ngabongi | jawining kutha puniku | gègère apuyêngan | wong ing Dêmak sadaya amawut-mawut | kang kacandhak jinidhulan | ingkang băngga dèn patèni ||

60. Ki Martajaya angucap | bubarêna gêgamanira aglis | Ki Wiramantri agupuh | sampun nêmbang têngara | sigra bubar gêgamanira asêlur | wadyabala ing Bintara | rêmbag sêdya barêng mati ||

61. wadya Mêdura tumingal | yèn wong Dêmak miyosi ing ajurit | wong Madura ting barêkuh | wan[68] sarta onclang watang | wong Mêkasar onclang lêmbing tawokipun | solahe pating galidrah | sami giris aningali ||

62. pan sampun ayun-ayunan | bala Dêmak surake wanti-wanti | sênjata lir gunung rubuh | surak wadya Mêkasar | wong ing Dêmak galong pipis sarêng ngamuk | pêtêng kukusing sundawa | tan ana mundur ing jurit ||

106. Durma[69]

1. ramening prang surake ambal-ambalan | rame asilih ukih | bala ing Mêkasar | galong pangamukira | wong ing Dêmak anadhahi | tumbak-tinumbak | lawan bêdhil-binêdhil ||

2. ngiwat-ngiwut wong Dêmak [Dê...]

--- [f. 383v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 17 dari 94

[...mak] pêngamukira | lir buta olih daging | pêngamuke rampak | mapan sami sudira | wong Mêdura akèh mati | pating gulimpang | wong Dêmak kang angukih ||

3. ting[70] galêrêng suwarane wong kabranan | sawênèh angêrintih | ya ta katingalan | prajurite Madura | aran Radèn Wangsènggati | nitih turăngga | waosipun pinandhi ||

4. Wangsènggati mara sarwi oclang watang | kapragul[71] padha siji | lan Ki Martajaya | Wangsènggati angucap | sapa aramu[72] prajurit | lah lumayua | tan wurung sira mati ||

5. lamun kêna sira ngawula maringwang | asraha anak rabi | dening bojonira | sun karya sêlir benjang | sira sun gawe pêngarit | mara nututa | amêsthi sun uripi ||

6. Mêrtajaya datan sotah amiyarsa | sumbare Wangsènggati | anulya tinumbak | Wangsènggati malêsat | tiba sangking ing turanggi | abarangkangan | atangi mangsah malih ||

7. Wangsènggati dhasare badjang[73] tanggungan | amusuh agêng igil | anulya jinambak | Wangsènggati kalumah | anulya dipun tugangi[74] | sarwi tinêkak | sigra dipun suduki ||

8. Wangsènggati tatune [tatu...]

--- [f. 384r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 18 dari 94

[...ne] tanpa wilangan | Dhadhangwêcana aglis | larod sawadyanya | Mandura lan Mêkasar | bubar sadaya kang baris | ngluruk mangetan | ing Jêpara ginitik ||

9. sampun bubar barise wadya ing Dêmak | sêdaya sami mulih | ya ta kang kocapa | Kyai Dhadhangwêcana | ing Jêpara sampun prapti | wadya Mêkasar | jabane kutha baris ||

10. sira Dhangdhangwêcana sigra utusan | mring nagri Surawèsthi | nuwun bantu wadya | Sang Prabu Trunajaya | wus putusan ambantoni | ingkang lumampah | sagung măncanêgari ||

11. sampun kumpul anèng nagri ing Jêpara | gêgamaning warni-warni |[75] wong măncanagara | Madura lan Mêkasar | ambêlabar ingkang baris | ane Jêpara | gègère wong sanagari |[76]|

12. wus kinêpung pan nagari ing Jêpara | wadya lit sami wiwrin | Kyai Wăngsadipa | muwêr sajrone kitha | kalawan wadya Kumpêni | para sêntana | prasamya angati-ati |[77]|

13. wonge Anggris kalayan kang wadya Prasman | ingkang pinêndhêt kanthi | mring Ki Wăngsadipa | praptane sami dagang | pan sampun pêpêk kang baris | angrapit kutha | sakathahe wadya aglis |[78]|

14. Ki Ngabèi Wăngsadipa sigra mêdal | lawan wadya Kumpêni | kèhe rong bragada | lawan kapitanira | nèng alun-alun baris |[79] pan amêlatar | barise wong Kumpêni ||

15. bêdhil lela mariyêm lan kalataka | sêmana wus rinakit [rina...]

--- [f. 384v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 19 dari 94

[...kit] | atap anèng ngarsa | êbun[80] kang anèng kanan | gurnat gurnada nèng kèri | sampun ngisenan | sadaya amiranti ||

16. wong Madura Mêkasar sampun uninga | wong Jêpara mêdali | ngalun-alun aglar | wong Madura nêrajang | Dhadhangwêcana nidhihi | wadya Madura | lir banthèng tawan kanin ||

17. sampun campuh akuwêl ingkang ayuda | Kumpêni anadhahi | bêdhil sinulêdan | mariyêm kalataka | alir gugrug ingkang ukir | mimis lir udan | taktak[81] dipun sulêdi ||

18. mawut-mawut wong Madura pêrangira | pan katiban ing mimis | surak lir ampuhan | myang suwarane sênjata |[82] kadya bêdhahêna langit | măncanêgara | tan ana moga[83] pulih ||

19. wong Mêkasar anêngah pêngamukira | Kumpêni anadhahi | miwah wadya Prasman | ingucalan gurnada | sinapane tan ngabêri | alêlumbungan [a...]

Cacok karo baboning Wanajaya.

--- [f. 385r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 20 dari 94

[...]

--- [f. 385v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 21 dari 94

[...]

--- [f. 386r][84] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 22 dari 94

[...lêlumbungan] | ingkang wadya Kumpêni ||

20. wong Mêkasar kang katrajang bubar-bubar | tan tahan dening mimis | kathah ingkang pêjah | wong kang mati gulasah | wong Mêkasar tan ngudhili | mundur sasrangan | bala Mêkasar wingwrin ||

21. wong Madura wus mundur pangamukira | nulya amondhok sami | anèng Jagatangkan | sadaya arêrangkah | Dhangdhangwêcana ngundhangi | ing benjang enjang | akarsa ngantêp jurit ||

22. Ki Ngabèi Wăngsadipa pagunêman | lawan Ki Datapati[85] | lan Jagamênggala | lawan Ki Wăngsaprana | kalawan Ki Ragapati | Ki Wăngsadipa | sigra anêbda aris ||

23. kayaparan Jagapati karêpira | wong ing Madura iki | iya benjang enjang | karsa angantêp yuda | Ki Jagapati turnya ris | lamun sêmbada | sêdya kawula mangkin ||

24. dhininginan nênggih tiyang ing Madura | ing sadalu puniki | damêl gagêlaran | yèn wus rêmbag sadaya | sênjata kang wontên ngarsi | pan pinilihan | kang sakintên ngêntasi ||

25. ngangkah-angkah tibaning mimis punika | ing pondhok dipun kêni | têtiyang Madura | pinrih gègèr kewala | Ki Wăngsadipa nauri | abênêr sira | payo munggah tumuli ||

26. sampun bubar Ki Ngabèi Wăngsadipa | sabalane angiring | migah ing aldaka | prapta ing Danaraja | sanjata dipun pilihi | pan tinuguran | dening mantri Matawis ||

--- [f. 386v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 23 dari 94

27. Kyai Gulu lawan Kyai Singalodra | lan Kyai Gunturgêni | sênjata têtiga | pan sampun ingisenan | kalawan Ki Kumbarawi | ingangkah tiba | ing pondhok punang mimis ||

28. wus sinulêt sanjata lir langit bêdhah | awor suraking jalmi | lir gêlap sayuta | wong Madura puyêngan | pati-pati babêtusi[86] | panyananira | sampun kinêpung kikis ||

29. ingkang kêna ing mimis wadyèng Madura | lir kadya dipun pipis | têtiyang Madura | kalangkung giris mulat | wus bubar sakèhing baris | pan alorodan | siji tan ana kari ||

30. wong Madura kang mati pating sulayah | ing alun-alun sami | tiyang kawan dasa | padha wong pêpilihan | akulambi kêre wêsi | myang gagênderan | patang puluh pinilih ||

31. Ki Ngabèi Wăngsadipa yun putusan | dhatêng nagri Matawis | ngaturi uninga | sarta atur taliman | wong Madura kawan dèsi | nênggih kang putra | ingutus mring Matawis ||

32. wus lumampah wau duta ing Jêpara | tan kawarna ing margi | kang gênti kocapa | sira Dhadhangwêcana | prajurit anglênangi |[87] mêdal ing Pajang | karsa dhatêng Matawis ||

33. wong ing Pajang sigra mêthuk ing ayuda | nanging datan kuwawi | ya ta alorodan | kalindhih wong i Pajang | kêbo sapi dèn jarahi | wadya kang băngga |

--- [f. 387r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 24 dari 94

akathah dèn patèni ||

34. wong ing Pajang sami ngili awurahan | langkung dènira ajrih | bala ing Madura | nora ngangge sêrănta | satingkahe kaya bêlis | giris sadaya | wadya ing Pajang wiwrin ||

35. kawarnaa Dhangdhangwêcana wus prapta | anèng Kajoran nênggih | akumpul sadaya | lan wadya ing Kajoran | Panêmbahan Rama balik | tiyang Mêtaram | sarêng dènnya udani ||

36. ênêngêna ingkang wontên ing Kajoran | sang prabu ing Matawis | miyos sinewaka | anèng ing pagêlaran | bêndune yaya[88] sinipi | dening miyarsa | wong Kajoran abalik ||

37. para putra prasamya nangkil sadaya | andhèr ngarsa nrêpati | samya para nata | gêdhong lawan kapêdhak | wadya kaparêk marapit | lan wong bumija | wong mandhung jajarnèki ||

38. sangkraknyana kalawan wisapracăndha | wong nirbaya anyangking | lawan wadya nutra | mijah wong jagasura | wong priyantoka ing kèri | singanêgara | martalulut anangkil ||

39. para mantri gandhèk lan mantri taruna | miwah wadya panumping | lawan numbakanyar | wong sawojajar ika | tuwaburu buwalari | pêpêk sadaya | abdi dalêm Matawis ||

40. sampun dangu sri narendra angandika | mring pangeran dipati | lah ta kulup sira | dadia wakil ingwang | ing Kajoran èstu balik | sira gêcêka | kalahna [kalah...]

--- [f. 387v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 25 dari 94

[...na] ing ajurit ||

41. sakathahe para dipati Mataram | sira gawaa kaki | lawan arinira | iku padha milua | pangran dipati tur bêkti | Pangran Cancangan | lan Pangran Singasari ||

42. atanapi pangeran ing Martasana | jêngkar sri narapati | kondur angêdhatyan | kangjêng pangran dipatya | pan sampun amêngpak[89] baris | wadya sumahab | lir ombaking jêladri ||

107. Pangkur

1. bubar gêgaman Mataram | tiningalan anglir prabata sari | kang lumampah anèng ngayun | Pangran Wiramênggala | Radèn Arya Pamot nambungi ing pungkur | nulya Pangran Pringgalaya | kiwanya bala umiring ||

2. apan sami sinongsongan | kasambungan Pangeran Singasari | nitih kuda Gulagêmpung | kinubêng kang gêgaman | sinongsongan warnane tuhu abagus | kadya putra Madegănda | kudane tansah anyirik ||

3. kasambungan ingkang raka | Kangjêng Pangran Dipati Pugêr nênggih | gêgaman asri dinulu | kadya sêkar sêtaman | wadyabala ing Kapugêran agêrgut | pangeran anitih kuda | rêspati asongsong kuning ||

4. kangjêng pangeran dipatya | ing Mêtaram lumampah munggèng wiking | gêgaman abra dinulu | kadipatèn sadaya | para mantri miwah sêntana angêpung | amolahakên [amolaha...]

--- [f. 388r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 26 dari 94

[...kên] turăngga | songsong jênar amantêsi ||

5. kangjêng pangeran dipatya | cahyanira gumiwang anêlahi | lir Yang Asmara anurun | sangking syarga di mulya | rajaputra warnane tuhu yèn bagus | dadi kondhang ing wanodya | samya lêlêng[90] kang ningali ||

6. pangeran ing Martasana | anambungi anèng wurining baris | sawadyabala angêpung | gêgaman amêlantar[91] | nitih kuda asongsong pêthak apatut | gêgaman tanpa wilangan | syarane gumuruh atri ||

7. datan kawarna ing marga | têpis wiring Kajoran sampun prapti | wong cili rinayah mawur | sarwi kèh dhinedhelan | kêbo sapi bèbèk ayam datan kantun | wong Mataram ajêjarah | wong desa gègèr angili ||

8. ya ta Panêmbahan Rama | sampun saos sadandananing ajurit |[92] wong Madura sampun kumpul | miwah wadya Mêkasar | Dhaèng Mirwa lawan sapanêkaripun | mapan sampun asiyaga | arsa mêthuk ing ajurit ||

9. sira Ki Dhangdhangwêcana | sawadyanya samya miyos ing jurit | wong ing Madura agêrgut | miwah bala Mêkasar | tandangira lir singa galak dinulu | sêdhênge amăngsa jalma | tiningalan gêgigirisi |[93]|

10. anulya ayun-ayunan | wong Madura kalawan wong Mêtawis | tan antara sigra campuh | bêdhil lir gunung rêbah | pêtêng dhêdhêt ing payudan kadya dalu | dening kukusing sundawa | pan sami prawirèng jurit ||

11. surake wadya Mataram | kadi gêrah anglir rubuh

--- [f. 388v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 27 dari 94

kang wukir | bêndhe tinêmbang angukung[94] | têtêg kadya butula | wadyabala Mêtaram sudira ngamuk | wong Madura karepotan | yudanira pan kalindhih ||

12. ya ta Panêmbahan Rama | ingkang sabat kang kinèn mangsah jurit | sadaya sami wotsantun | mangsah ing ranagona | wong Mataram nadhahi lajêng anêmpuh | suraking mbal-ambalan |[95] kadi udan sinêmèni ||

13. kang para sabad sadaya | tan kuwawi nadhahi wong Mêtawis | mapan dede mungsuhipun | yêkti karoban lawan | wong Kajoran sêmana anulya mundur | kalayan tiyang Mêkasar | ya ta kasaput ing wêngi ||

14. kangjêng pangeran dipatya | sampun mundur amasanggrahan aglis | sakèhe bala Mêtarum | pan sarwi arêngrangkah[96] | ênêngêna gêntia ingkang winuwus | panêmbahan pagunêman | lan Dhangdhangwêcana nênggih ||

15. katiga Dhaèng Marewang | Panêmbahan Rama ngandika aris | lah payo padha akumpul | marang nagri Mamênang | nora layak pinanggahan yudanipun | wadya Mêtaram akathah | sasat karubuhan langit ||

16. Dhadhangwêcana pan rêmbag | inggih lêrês ing karsa sang ayogi | sami ngumpul baris agung | dhatêng nagri Mamênang | dening benjing sami wangsul ing Mêtarum | asarêng gêgaman kathah | benjing sami ngantêp jurit ||

17. panêmbahan ing Kajoran | kang sêntana sami dipun wangsiti | sarêng wayah

--- [f. 389r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 28 dari 94

têngah dalu | lolose panêmbahan | wong Kajoran sadaya tanna kantun |[97] lampahe samya mangetan | sêdya dhatêng ing Kêdhiri ||

18. warnanên wadya Mêtaram | sampun mirsa kalamun sang ayogi | lolos sarêng têngah dalu | ya ta kang wadyabala | ing Kajoran wus jinarahan sadarum | kang nora padha ginawa | kêbo sapi dèn rampasi ||

19. mapan sami binoyongan | wong Kajoran binêkta ing Mêtawis | ingobongan wismanipun | ing Kajoran rinusak | jê[98] pangeran dipati anom dyan kondur | ingiring kang wadyabala | wus rawuh nagri Matawis ||

20. kocapa kang anèng marga | Panêmbahan Rama ngandika aris | anèng ngêndi putraningsun | matur Dhangdhangwêcana | inggih mangke putra paduka pukulun | anèng nagri Surabaya | botên wontên ing Kêdhiri ||

21. panêmbahan angandika | payo laju marang ing Surawèsthi | datan kawarna ing ênu | wus prapta Surabaya | lajêng panggih lawan kang putra sang prabu | Trunajaya langkung suka | dene ingkang rama prapti ||

22. risampun alama-lama | Panêmbahan Rama ngandika aris | lah ta payo anak prabu | kang ingantos punapa | ing Mataram nagara pan sampun sêpuh | prapta ngarsaning Yang Sukma | sirna kêdhaton Matawis ||

23. payo nuli winiwitan | wus mangsane binêdhah ing Mêtawis | Prabu Trunajaya matur | lêrês karsa paduka | angandika mring para prawiranipun | lawan kang para sêntana [sênta...]

--- [f. 389v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 29 dari 94

[...na] | andhèr wadya ing pasasir[99] ||

24. lan sira maguta yuda | bubarêna gêgamanira aglis | unggahana ing Matarum | sakèhe wong Madura | wong pasisir kêrigên aja na kantun | miwah wong măncanagara | sadaya aja na kari ||

25. lawan bala ing Mêkasar | lah karyanên pacucuking ajurit | Mangkuyuda awotsantun | sampun nêmbang têngara | pan gumuruh syaraning kang bala agung | kadya ombak nêmpuh parang | miwah pangriking turanggi ||

26. pasisir măncanêgara | sampun pêpêk sadandaning ajurit | Madura Mêkasar kumpul | gêgaman abra sinang | warna-warna bandera lawan lêlayu | kadya ardi kawêlagar | bêranang tinon ngajrihi ||

27. sêmana anulya bubar | wong Mêkasar dadya cucuking jurit | gêgilani tandangipun | lir kadi singa lodra | amêkanjar sarya onclang lêmbingipun | kadi bajo angêjawa | pating gariyak samargi ||

28. sumêrk[100] kang bala lumampah | Trunajaya ingkang kantun nèng wuri | dèrèng obah sang aprabu | kocapa kang lumampah | ing Garopol[101] sêmana pan sampun rawuh | nulya sami pamondhokan | ngantosi kang anèng wuri ||

29. ingkang sami kadalanan | sami giris sadaya dèn bajagi | wong sabrang bêngawan mawut | ana kang ngungsi jurang | kang sawênèh ana ingkang ngusi gunung | kang sawênèh ngusi wana | ana guwa dèn lêboni ||

30. datan kêna siniwika[102] | bajag Sampang rusuh kapati-pati | ingkang kacandhak dêlanggung [dêlang...]

--- [f. 390r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 30 dari 94

[...gung] | pan sami winudanan | dinanăngka amrih mêdal darbèkipun | pan sarwi sinulêdan |[103] anangis pating jalêrit ||

31. won Pajang sampun miyarsa | yèn wong Sampang arsa gêcêk Matawis | wong ing Pajang samya gugup | sadaya sami dandan | ingkang èstri kinesahakên karuwun | mapan kantun lêlanangan | prasamya angati-ati ||

32. wadyabala ing Madura | nulya bubar gêgaman angajrihi | tanpa wilangan dinulu | ara-ara kèbêkan | padêdesan sêmana pan lêbur-lêbur | wonge pan sami migat |[104] datan wontên ingkang kari ||

33. ya ta gêgaman Madura | sampun nyabrang anèng Kali Sêmanggi | ing Pajang ingkang winuwus | sampun sami siyaga | wong Madura tan antara nulya rawuh | pan sampun ayun-ayunan | sigra campuh ing ajurit ||

34. wong Madura ngamuk rampak | wadya Pajang tan kêlar anadhahi | sigra wong Pajang mundur |[105] lumayu gurawalan | wong Madura lampahira sampun laju | samarga-marga bêbajag | datan kawarna ing margi ||

35. prapta ing Taji sêmana | wong Madura gêgamane ngêbêki | wong i desa kabèh larut | sami angungsi kitha | kang sawênèh ana kang ngungsi ing gunung | sawênèh angungsi jurang | durmane ingkang nadhahi ||

108. Durma

1. ênêngêna wadyabala ing Madura | kocapa sri bupati | Susunan Mêtaram | lagya miyos sineba | para putra samya nangkil | pêpak sadaya | sêntana ing Mêtawis ||

2. mugèng ngarsa para bupati sadaya | punggawa lawan mantri | mugèng ing ngayunan | sang nata

--- [f. 390v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 31 dari 94

angandika | putraningsun ki dipati | mungsuh Madura | wartane ingkang prapti ||

3. nulya matur kangjêng pangeran diaptya | ing rama awotsari | pukulun kang prapta | mêngsah dalêm Madura | tanpa wilangan wadya lit | măncanagara | kalawan ing pasisir ||

4. ingkang dadya têtugulipun[106] Madura | wastane kang prajurit | nênggih Mangkuyuda | lawan Dhangdhangwêcana | katiga Wăngsapranèki | lan Măndhalika | Mêkasar kang nindhihi ||

5. Buyung Mêrnung kalawan Dhaèng Mabelah | lawan Dhaèng Makicing | lan Dhaèng Marewa | punika pangagêngnya | amondhok wontên ing Taji | sri naranata | wau ngandika aris ||

6. nora nana yogyane kulup mung sira | ingkang mapaga jurit | yudane Madura | dadia gêgunungan | ingkang putra awotsari | inggih sandika | kawula tan gumingsir ||

7. sri narendra aris dènira ngandika | dhatêng kang para siwi | kabèh amilua | marang ing anak ingwang | kang kinon samya wotsari | pangran tiga |[107] angandika sang aji ||

8. sakathahe para sêntana milua | angiring ki dipati | lan para dipatya | kabèh padha milua | nulya jêngkar sri bupati | ngiring bêdhaya | wong dalêm ngampil-ampil ||

9. kawarnaa ingkang anèng pagêlaan | kangjêng pangran dipati | anêmbang têngara | miwah para sêntana | asiyaga ing ajurit | sampun samêkta | sagung para dipati ||

10. apuyêngan kawula bala Mêtaram | sadaya samya cawis | sagêgamanira | ngalun-alun kèbêkan | ambèr dhatêng pasar jawi | wadya

--- [f. 391r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 32 dari 94

sumahab | gêgaman angajrihi ||

11. wus pinatah kang lumampah anèng ngarsa | andêl-andêling jurit | sèwu numbakanyar | kalawan nong gumijang[108] | gêdhong kapêdhak tan kari | mapan kêrigan | wadyabala Mêtawis ||

12. sigra budhal sagunge punang gêgaman | kadya prawata sari | datanpa wilangan | syaranira gumêrah | kadya ombaking jêladri | abra asinang | gêgaman giri-giri ||

13. pra sêntana lumampah mugèng ngiringan | ngampingi sang apêkik | Pangran Prigalaya[109] | lan Pangeran Pamênang | Pangran Riya Mênggalèki | Pangran Balintar | sagêgamannya asri ||

14. kangjêng pangran dipati mugèng ing têngah | nitih kuda rêspati | sinongsongan jênar | ginarêbêg ing bala | para mantri angampingi | prajuritira | gêgaman angajrihi ||

15. ingkang rayi Pangran Pugêr anèng ngarsa | Pangeran Singasari | Pangran Martasana | gêgaman amêlatar | kêbêg jurang ngiring-iring | lumampah ngarsa | sagung para bupati ||

16. tan kawarna lampahira anèng marga | sampun prapta ing Taji | ya ta wong Madura | Tumênggung Makuyuda[110] | anêmbang têngara aglis | wadya Madura | lir banthèng tawan kanin ||

17. Kyai Dhadhangwêcana angirit lampah | wadyèng Mêkasar nênggih | mangilèn lampahnya | anjog Têlagawona | Ki Mangkuyuda angirid | tiyang Madura | ing Pajarakan prapti ||

18. wong pasisir kalawan măncanagara | Wăngsaprana nindhihi | lan Ki Măndhalika | punang bala sumahab | Madura [Ma...]

--- [f. 391v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 33 dari 94

[...dura] lawan Matawis | ayun-ayunan | sigra têmpuh kang jurit ||

19. pan gumuruh surake mungsuh lan rowang | lir udan sinêmèni | wus campuh kang yuda | bêdhil lir gunung rêbah | wong Mêtaram golong pipis | bala Madura | lir banthèng tawan kanin ||

20. ing Têlagawona campuh kang ayuda | surake wanti-wanti | wadya ing Mêkasar | solahe kadi yaksa | mapan sarya onclang lêmbing | pating galidrah | angamuk karo kêris ||

21. towok lêmbing tibane pan kadi udan | mimis kadya garigis | wadya ing Mêtaram | mawur pating kadhungsang | datan ana darbe ati | dhadhal lorodan | sadaya sami giris ||

22. wadyabala Mêkasar lawan Madura | tan kandhêg angamuki | wadya ing Mêtaram | katrajang bubar-bubar | tan ana kang măngga pulih | akathah pêjah | tanapi ingkang kanin ||

23. langkung kuwur kang wadyabala Mêtaram | lir gabah dèn intêri | mawur asangsrangan | datan măngga puliha | sampun karsaning Yang Widi | apês kang yuda | wadyabala Mêtawis ||

24. miwah ingkang para bupati wus bubar | tanapi para mantri | lumayu sasaran | lawan kang para putra | wus kondur sawadyanèki | baris Mêtaram | siji tan ana kari ||

25. gurawalan palayune wong Mêtaram | mênawa dèn tututi | ana salang tunjang | lumayu bêrangkangan | sawênèh aniba tangi | pating kadhungsang | polahe

--- [f. 392r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 34 dari 94

wadya alit ||

26. wong Madura apan sami arêrayah | wong desa dèn bajagi | sami winudanan | kang èstri binoyongan | ingkang lanang dèn tumbaki | gègèr puyêngan | wong desa samya ngili ||

27. kawarnaa para dipati Mêtaram | ingkang kasoran jurit | tan arsa mantuka | maring ing wismanira | nèng alun-alun miranti | sawadyanira | miwah sakèhing mantri ||

28. pra sêntana prasamya nèng pagêlaran | sagêgamaning jurit | miwah para putra | pangeran adipatya | lawan ingkang rayi-rayi | saos ing karsa | ing rama sri bupati ||

29. gêgamane sadaya maksih mêlatar | miwah para prajurit | manawa sang nata | amiyosi ngayuda | milane samya acawis | para pugawa | sêntana lan bupati ||

30. kawarnaa wadyabala ing ayuda | samya angangsêg baris | anèng Pajarakan | Tumênggung Mangkuyuda | wisma sami dèn obongi | jawining kitha | wong cili padha ngili ||

31. apuyêngan sakèhe wong jawi kitha | wong Madura lir bêlis | rusuhe kaliwat | mila giris sadaya | ngungsi wana lawan wukir | ingkang kocapa | kang anèng ing jru puri ||

32. sri narendra Mêtaram anèng jru pura | yèn karsaning Yang Widi | nagari Mêtaram | rusak nora bêbakal | mapan tinagih ing jangji | wus satus warsa | nagari ing Matawis ||

33. sri narendra animbali ingkang putra | pangeran adipati | lah padha dadana | sakèhe putraningwang | sun lolos sawêngi iki | marang Banyumas | nora kêna kagisir ||

34. ing Mêtaram pan [pa...]

--- [f. 392v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 35 dari 94

[...n] wus karsaning Yang Sukma | payo padha agingsir | wirayate eyang | Susunan Kalijaga | lan panêmbahan sawargi | samăngsa rêbah | waringin kêmbar iki ||

35. lawan êcis tumancêb waringin kêmbar | samăngsa bêdhol singgih | pan nora sêmaya | rusake ing Mêtaram | mêngko kulup anglampahi | pan nora bakal | karsaning Yang Kang Luwih ||

36. ingkang putra tur sêmbah lèngsèr ing ngarsa | ing kadipatèn prapti | sigra nula[111] dandan | miwah kang para garwa | mring ari pangeran katri | sampun sadhiya | warnanên ing jru puri ||

37. para gusti sêmana sami puyêngan | tangis pating jalêrit | wong ing dalêm pura | polahe asrang-srangan | agêgendhong lawan ngindhit | paponjènira | isine kocar-kacir ||

38. apan manggung atanapi pêpingitan | lêlurah para nyai | wus sami adandan | gendhong brana sang nata | sakêlarira pribadi | rajabêrana | kang sami adi luwih ||

39. kadya gêrah syarane sajruning pura | tangis pating jalêrit | kangjêng sri narendra | sampun nitih turăngga | wus miyos sri narapati | kala sêmana | kang wayah têngah wêngi ||

40. malêm Akat jêngkare sri naranata | bêdhahe ing Mêtawis | nuju sasi Sapar | ing tanggal kaping astha | tahun Êhe măngsa kalih | sêngkalanira | sirna nir obah bumi |[112]|

41. miyos anèng paseban kidul sa nata | sagunge para èstri | lumampah ing ngarsa | tan têbih lan sang nata | kang tinilar ing jru puri | nênggih kang putra | kêkalih sami èstri ||

42. datan kandhêg lampahe [lampah...]

--- [f. 393r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 36 dari 94

[...e] sri naranata | para putra ngampinging[113] | myang para sêntana | mangilèn kang sinêdya | wisma samya dèn obongi | agaruwalan[114] | kasêsêg sri bupati ||

43. kawarnaa tiyang alit ing Mêtaram | lir gabah dèn intêri | pan asalang tunjang | anusul ing sang nata | lampahe aniba tangi | ababak bunyak | ajrih kalamun kari ||

44. kang sawênèh apisah lan anakira | ana pisah lan rabi | anangis sadalan | katunjang ing gêgaman | Mêtaram kang padha ngili | pating kadhungsang | polahe wadya alit ||

45. ênêngêna solahe sri naranata | wong Madura winarni | sampun amiyarsa | Tumênggung Mangkuyuda | yèn kangjêng sri narapati | atilar pura | lolos kalaning wêngi ||

46. ki tumênggung sêmana anulya bubar | arsa dhatêng Matawis | kang bala sumahab | miwah măncanagara | tanapi wadya pasisir | bala mêlatar | lir yaksa olih daging ||

47. sampun prapta anèng nagari Mataram | balabar punang baris | sami angrêrayah | wadyabala Madura | polahe agêgilani | angangah-angah | ambajaga jêjarahi |[115]|

48. Mangkuyuda angakahi ing jru pura | kagungane sang aji | sami cinacahan | sakèhe rajabrana | saisine ing jru puri | kang wadyabala | aglar anèng ing jawi ||

49. kawarnaa putrane sri naranata | kang kantun ing jru puri | kêkalih wanodya | wastanipun satugal | Radèn Ayu Klêting Kuning | ingkang taruna | ingkang sêpuh wêwangi ||

50. Radèn Ayu

--- [f. 393v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 37 dari 94

Kalêting Wulung kan nama | wayahira sang dèwi | kang sêpuh punika | nênggih sampun diwasa | warnane lir widadari | ingkang taruna | lagi rumaja putri ||

51. putri kalih kalangkung kawêlasarsa | karuna siyang ratri | lir sundari ika | lir pulung kapipitan | langkung dening kawlasasih | ingkang sinambat | kang rama sri bupati ||

52. kaningaya kangjêng rama sri narendra | tega tilar ing siwi | baya tan angrasa | apêputra wanodya | kakang êmas adipati | nora angrasa | darbe kadang pawèstri ||

53. dika rêbat kakangmas awak kawula | tan wande angêmasi | tinawan ing mêngsah | paran polah kawula | kaningaya rama aji | atilar putra | sang rêtna sru anangis ||

54. nulya marêk Ki Tumênggung Mangkuyuda | ing ngarsane sang dèwi | sampun ingaturan | anitiha jêmpana | datan arsa sang aputri | maksih karuna | sêsambat mêlasasih ||

55. radèn ayu amicarèng ing wardaya | paran wêkasannèki | mungguh awak ingwang | yèn awèt mangkeneya | pae lananga sun iki | nusul jêng rama | baya ta wus pinasthi ||

56. awak ingsun yèn kinarya lêlampahan | dening Yang Sukmajati | apan ora bakal | ing lara lawan pêjah | nora kêna dèn gisiri | anulya lêjar | manahira sang putri ||

57. Mangkuyuda asangêt ing aturira | suwawi kangjêng gusti | nitiha jêmpana | anggèr kawula bêkta | sampun sampeyan prihatin | benjing paduka | gusti jumênêng aji ||

--- [f. 394r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 38 dari 94

58. sampun nitih jêmpana sang rêtnaning dyah | kalihan ingkang rayi | Kyai Mangkuyuda | anulya undhang-undhang | pinatah ingkang prajurit | kalawan wadya | umiring sang aputri ||

59. tan antara kang kinèn anulya bubar | wong satus anjajari | dhatêng ing Mamênang | datan kawarna ing marga |[116] prapta nagarèng Kêdhiri | katur sang nata | rajaputri kêkalih ||

60. sira Dhangdhangwêcana anulya bubar | sumusul ing nrêpati | kang wadya sumahab | miwah bala Mêkasar | polahe agêgilani | gêgaman abra | datan kawarnèng margi ||

61. Adipati Cakraningrat wus kacandhak | dèn aturakên aglis | Prabu Trunajaya | aris dènnya ngandika | ingsun kolu matèni |[117] mari[118] sira paman |[119] buwangên ing wanadri ||

62. pêrnahêna anèng ing Alas Lodhaya | dimone iku benjing | dipangan ing setan | lawan sarayatira | datan kawarna ing nguni | sampun lumampah | praptèng têngah wanadri ||

63. ênêngêna ingkang anèng ing Lodhaya | wong Madura winarni | Ki Dhangdhangwêcana | kang bujung sri narendra | kandhêg Jagabaya baris | apan atembak | gêgaman angajrihi ||

64. kawarnaa sri narendra ing Mêtaram | ingkang atilar puri | langkung kawlasarsa | ingiring para putra | angandika sri bupati | dhatêng kang putra | Pangeran Pugêr nênggih ||

65. lah karia sira kulup anak ingwang | lawan arine rèki | Arya Martasana | miwah Ki Singasêkar | ngadêga

--- [f. 394v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 39 dari 94

Kajênar benjing | sira rêbuta | nagara ing Mêtawis ||

66. wong Pagêlèn iku sira ayomana | besuk adunên jurit | kulup wêkas ingwang | dèn bisa ngimuk wadya | amongmonga ing wong cilik | sira rêbuta | kêdhatoning Mêtawis ||

67. ingsun kulup laju marang ing Banyumas | lawan kakange rèki | kaki adipatya | lan bari arinira | dene iku mingsih cilik | marma sun gawa | kang putra awotsari ||

68. Pangran Pugêr lan Pangeran Martasana | Pangeran Singasari | ganti ngaras pada | ing rama sri narendra | wus lèngsèr sawadyanèki | ungkur-ungkuran | kang mulat samya brangti ||

109. Asmaradana

1. warnanên sri narapati | anèng marga nandhang gêrah | têdhak sangking turanggane | anitih tandhu sang nata | kang putra kèri kanan | wong dalêm lumampah ngayun | datan kawarna ing marga ||

2. Urusèwu[120] dèn wiyosi | sêmana prapta ing Rawa | sang nata lajêng lampahe | dhusun Rema kadalanan | mêdal ing Karanganyar | akèh wong ngadhang dêlanggung | wong dalêm sami binegal ||

3. wong dalêm pating jalêrit | apan sami dhinedhelan | padha lumayu punang wong | sri narendra angandika | lumayu ana apa | wong dalêm sarêng umatur | wontên tiyang ambêbegal ||

4. sang prabu ngandika aris | kaya lamun mangkonoa | durung wêruh bêrkat ingong | padha sêbarana reyal | dimène mari begal |

--- [f. 395r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 40 dari 94

wong dalêm anulya gupuh | prasamya anyêbar reyal ||

5. nanging maksih andhèdhèli | wong i dalêm bubar-bubar | sang nata pangandikane | sira iku kaningaya | nora nganggo wêtara | nora bêcik sira têmu | yèn mangkono polahira ||

6. sangrêng ngandika sang aji | wong begal lumpuh sadaya | nora bisa tangi kabèh | mapan sami bêrangkangan | ngadêg-ngadêg tan bisa | mila tobate kalangkung | prasamya lara karuna ||

7. sang prabu ngandika aris | sira ingkang kaningaya | wong begal anangis kabèh | kawula nuwun apura | gusti dhatêng paduka | tobat kawula anuwun | sang nata angrês miyarsa ||

8. lah iya ingsun turuti | waras karsaning Yang Sukma | wong begal wus waras kabèh | sri narendra angandika | padha sira karia | wong begal ature nuwun | sri narendra nulya budhal ||

9. ing tanah Toyamas prapti | lampahira sri narendra | sangsaya sangêt gêrahe | uninga karsaning Sukma | puput kang panjênêngan | sumăngga karsa Yang Agung | nulya rêrêp sri narendra ||

10. pêpêk wadya ing Mêtawis | miwah kang para sêntana | sri naranata gêrahe | datan karsa ingusadan | wus madhêp ing Pangeran | angandika sang sinuwun | ing pangeran adipatya ||

11. putraningsun ki dipati | tan bisa sira sun tilar | ing besuk sapungkur ingong | jaluka bantu Wêlănda |

--- [f. 395v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 41 dari 94

maring gurnadur jendral | yudanira pêsthi kukuh | rêbutên karatonira ||

12. lan maninge ki dipati | lan besuk sapungkur ingwang | dèn atut lawan arine | aja na sawalèng karsa | lan kulawarganira | ingsun titip ing arimu | dene iku mingsih bocah ||

13. lawan sira sun lilani | anganggoa babêrkatan | wasiyat Mataram kabèh | kang putra angêmu waspa | myarsa kang pangandika | anarka yèn sampun puput | ing jênênge ingkang rama ||

14. ngandika sri narapati | kulup sira utusana | angulati dipun age | bumi kang wangi ginănda | maring nagara Têgal | ingkang badhe kubur ingsun | yèn prapta dina wêkasan ||

15. ingkang putra atur bêkti | wus angutus Pangalasan | gêgancangan lampahe |[121] prapta nagari ing Têgal | samana wus kapêdhak | bumi wangi gandanipun | sigra nulya binêcikan ||

16. sasêkaran sampun dadi | Pangalasan sigra mangkat | tan kawarna ing lampahe | sampun prapta ing Toyamas | katur ing sri narendra | angandika sang aprabu | lah ta kulup angandika ||

17. dèn abêcik sira kari | lan arinira sadaya | ingsun têka ing jangjine | sang nata sampun sinundhang | dene kang para garwa | tan antara nulya surut | kang tangis umyang gumêrah ||

18. putra kêkalih nungkêmi | kangjêng pangeran dipatya | lawan putra wuragile |

--- [f. 396r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 42 dari 94

dene putra kang têtiga | kantun pacêk gêgaman | anèng Pagêlèn puniku | prasamya apêpêk bala ||

19. kang layon wus dèn sirami | sasampunira kinapan | anulya sinalatake | binakta maring Tatêgal | tan kawarnèng ing marga | wus prapta ing tilam arum | kang layon sinarèkêna ||

20. sami bubar ingkang ngiring | prapta nagara Banyumas | wus panggih lawan gustine | nêngêna kangjêng pangeran | kang anèng ing Banyumas | kawarnaa ingkang kantun | putra sri nata têtiga ||

110. Sinom

1. nênggih wong Pagêlèn ika | ing Jênar dènira baris | wong kilèn suyud sadaya | sangking ing Malang wus ngalih | punggawa ing Matawis | Gajahpramoda kang kantun | anèng raja pinutra | pangeran ing Pugêr nênggih | kala sare ing têngah dalu sêmona ||

2. kapanggih lawan kang rama | kang sampun seda sang aji | ing jru supêna ngandika | abalia sira kaki | rêbutên ing Mêtawis | ing mêngko wus ungsumipun | kêkuthaa ing Jênar | sawungunira aguling | rajaputra agêtun ingkang supêna ||

3. anari marang pugawa | lawan ingkang para mantri | miwah sakèhe kang seba | punapa karsa sang pêkik | arsa jumênêng aji | senaba[122] ing mantri agung | sakèhe kang pugawa | sêntana samya jurunging[123] | lan sakèhe nênggih ingkang para tama ||

4. ya ta sang raja pinutra | sampun jumênêng nrêpati | Senapati

--- [f. 396v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 43 dari 94

Ngalaga |[124] Saidin Panatagami | Jênar kang dèn kithani | Purwagănda wêstanipun | samya suyud sadaya | wadya Pagêlèn gung alit | yèn sineba sang nata pinarak dhampar ||

5. para sêntana akathah | kang kantun anèng sang aji | Rahadèn Prawiratmaja | Prawiratruna tan kari | Radèn Răngga anênggih | kalayan radèn tumênggung | aran Gajahpramoda | tanapi kang rayi kalih | wong Pagêlèn sami kinulawisuda ||

6. nênggih limane sang nata | tinilar anèng ing margi | mapan sampun pinaranan | warnanên ingkang nututi | wadya Madura singgih | Dhangdhangwêcana pangayun | kandhêg ing Jagabaya | solahe agêgilani | wong Kalagan mapan anèng ing Wêwaja ||

7. tiyang Pagêlèn sumahab | sami angantêp ing jurit | kang para mantri Kalagan | sadaya samya ngawaki | langkung ramening jurit | ing Jagabaya prang pupuh | datan arsa mundura | Dhangdhangwêcana prajurit | wadyabala akathah ingkang palastra ||

8. ing sabên dina ayuda | rèrèn kasaput ing wêngi | injing anêmbang têngara | Dhangdhangwêcana ngundhangi | ing wadya lan prajurit | tiyang Madura anggêrgut | angantêp ing ayuda | wadya Mêkasar miranti | prajurite sampun sama sêsanengga |[125]|

9. miwah wadya ing Kalagan | sêdya ngantêp ing ajurit | kang sinêmbah Ingalaga | anindhihi anèng wuri | miwah ingkang

--- [f. 397r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 44 dari 94

prajurit | para sêntana anggêrgut | Radèn Wirataruna | Radèn Wiramanggalèki | atanapi Tumênggung Gajahpramoda ||

10. pangeran ing Martasana | lan Pangeran Singasari | sami angawaki yuda | sigra campuh ing ajurit | samya arêbat puri | arame dènnya prang pupuh | wong Mêkasar kasoran | akathah ingkang ngêmasi | wong Madura samya lumayu mangetan ||

11. ya ta prajurit Kalagan | dènira buru mangukih | wus nyabrang ing Jagabaya | gumêrah samya nututi | sangsaya antuk ati | wadya Pagêlèn anggêrgut | kang sinêmbah Ngalaga | akalihan ingkang rayi | sampun nabrang anèng Lèpèn Jagabaya ||

12. wadyabala ing Madura | palayune tanpa nolih | atanapi wong Mêkasar | sêdya ngungsi ing Matawis | warnanên kang ngakahi | anèng sajruning kêdhatun | Tumênggung Mangkuyuda | ngakahi pura Mêtawis | wong Madura polahe kagila-gila ||

13. kocapa ingkang lumajar | ingkang kasoran ajurit | Dhangdhangwêcana wus prapta | tumamèng nagri Matawis | kumpul sarowangnèki | ya ta wadya ing Mêtarum | syarga gustine prapta | awangsul magut ing jurit | marwitane wadya Mataram kèh prapta ||

14. mapan sami asuwita | ing Kangjêng Sri Narapati | Panêmbahan Ingalaga | saya kukuh ingkang jurit | dening tiyang Matawis | ingkang mawut sami [sa...]

--- [f. 397v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 45 dari 94

[...mi] kumpul | lampahe sampun prapta | anèng nagari Matawis | pabarisan anèng nagari kang jaba ||

15. Ki Tumênggung Mangkuyuda | kang anèng sajruning puri | kalawan Dhangdhangwêcana | lawang kitha dèn tangkêbi | manahe sami miris | wong Madura kang aburu | miwah bala Mêkasar | manahe sami agiris | ingkang anèng jawining kitha mêlatar ||

16. Kang Sinuwun Ingalaga | kang sêdya arêbat puri | tan kawarna solahira | gènira amagut jurit | wong ing Madura giris | alolos ing têngah dalu | Tumênggung Mangkuyuda | sangking kadhaton Matawis | sabalane tan kari agarawalan ||

17. palayunira mangetan | angungsi dhatêng Kadhiri | tan kawarna solahira | warnanên sri narapati | lawan kang para ari | ingkang pura wus karêbut | Susunan Ingalaga | sampun ngadhaton Matawis | têtêb malih wadyabala ing Mêtaram ||

18. akathah kang sami prapta | kapêdhak kang para mantri | miwah kang para sêntana | têtêp jênêngi nrêpati | anèng nagri Matawis | kang wadyabala asuyud | ingkang para sêntana | sadaya jinunjung linggih | atanapi wadya Pagêlèngn[126] sadaya ||

19. sami kinulawisuda | kathah ingkang lungguh lampit | wong Pagêlèngn roro sanak | sampun jinunjung kang ligih | pinaringan kêkasih | Ki Arya Tambakbayèku |

--- [f. 398r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 46 dari 94

dene ingkang taruna | Arya Surajaya nênggih | pêpatihe wasta Arya Măndhalika ||

20. Radèn Prawirataruna | sêmana jinunjung linggih | sarta pinatêdhan nama | Adipati Mangkubumi | dene ingkang nindhihi | Radèn Răngga wus jinunjung | Dipati Dipasana | misuwur wadya Matawis | angèstrèni ing karsane sri narendra ||

21. dene ta Kiyai Kamal | sampun jinunjung kang linggih | Kya Pangulu Adilingrat | dadya dilahing Matawis | kang wadyabala ajrih | anglampahi ing saukum | parintahe sang nata | apan palamarta adil | wong Mêtaram punggawa suyud sadaya ||

22. nanging ta kala sêmana | Mêtaram sangêt gagêring | udan angin alimêngan | sarta larang kang binukti | lara gudhig lan bêdhil | mapan maksih awonipun | rusake ing Mêtaram | wadya lit tan ana bukti | kathah nora akimba[127] kasrêngkara |[128]|

111. Dhandhanggula

1. sangsaya sangêt wawêlêk nagari |[129] pan akathah sakiting sujalma | panastis lawan rumabe | wadya pating garuruh | ingkang gêring sore suk mati | gring esuk sore pêjah | sangking sangêtipun | sakathahing wadyabala | ing Mataram anyandhang datan kuwawi | asangêt larang pangan ||

--- [f. 398v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 47 dari 94

2. Jêng Pangeran Martasana sakit | datan lami ya ta nuli seda | Pangeran Singasarine | asangêt gêrahipun | nulya seda datan antawis | kalayan ingkang raka | wadya ing Mêtarum | sangêt susahe kang manah | ing Mataram gagêring sangêt kang prapti | datan kêna tinambak ||

3. ênêngêna kang jumênêng aji | Kangjêng Susunan Ingalaga |[130] angadhaton ing Palèrèt | agênti kang winuwus | putra sêpuh kang agêng prapti | Pangeran Adipatya | ingkang sung wilangun | sasedane ingkang rama | sakêlangkung pangeran tibraning galih | karsa kaji mring Mêkah ||

4. jêng pangeran sêmana nimbali | Adipati Martalaya Têgal | kang kinèn tur sêmbah lèngsèr | tan kawarna ing ênu | sampun prapta nagari Têgil | panggih lan adipatya | dhinawuhan sampun | kang timbalan jêng pangeran | sigra budhal sangking nagari ing Têgil | Dipati Martalaya ||

5. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta nagari Toyamas | tumamèng mugèng ngarsane | Martalaya cumundhuk | sigra ngaras padaning gusti | ature kathah-kathah | ngandika sang bagus | marmane sira sun [su...]

--- [f. 399r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 48 dari 94

[...n] undang | Martalaya ingsun upayakna aglis | baita kang prayoga ||

6. Martalaya matur angabêkti | adhuh anggèr dinamêl punapa | pangeran alon dikane | sun gawa layar besuk | karsaningsun pan lunga ngaji | marang nagarèng Mêkah | Martalaya matur | gusti sampun sapunika | ing rat Jawa sintên ingkang dèn gendholi | liya sangking paduka ||

7. yèn kenginga kawula aturi | adalêma gusti ing Tatêgal | sampun anglayung tuwuhe | sae ajumênênga ratu |[131] agantosi rama sang aji | anèng nagari Têgal | kawula kang mangku | prakawis mêngsah paduka | wong Madura anggèr sampun walang galih | kawula kang nanggulang ||

--- [f. 399v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 49 dari 94

[...]

Sampun sami kalih babone. Ranajaya, Mangunjaya.

--- [f. 400r][132] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 50 dari 94

8. nadyan anggèr wêwaha sakêthi | wong Madura kawula tan ulap | angêmbari prakosane | dèn kangsi ajur-mumur | anglampahi ayahan gusti | amêngsah wong bang wetan | sagêndhinge purun | kangjêng pangeran ngandika | atarima pracayamu adipati | nanging sun maksa lunga ||

9. Martalaya sigra matur aris | gusti lamun tan kenging ngaturan | kawula matuk[133] ing mangke | angupados parau | lamun botên damêl pribadi | măngsa gusti pênêda | ngupados pêrau | botên sami layan karya | pêsthi sae pangeran ngandika aris | apa sakarsanira ||

10. sigra lèngsèr Sang Adipati |[134] Martalaya sangking ing ngayunan | lawan sawatdyabalane[135] | suwarane gumuruh | wadya Têgal samya ti-ati | sigêgên Martalaya | warnanên kang kantun | Kangjêng Pangeran Dipatya | ginarumung dening wadya agêng alit | ingaturan tan kêna ||

11. nglampus ing driya atêmahan brangti |[136] jêng pangeran nèng tanah Toyamas | anggung brangta ing sêdyane | ciptaning jroning kalbu | datan sêdya nênggih ngulati | ing marga kawibawan | sêdyaning sang sunu | arsa ngaji datêng[137] Mêkah | sakathahe para punggawa gendholi | miwah para sêntona ||

12. aturipun sami ngasih-asih | dados punapa ingkang tinilar | botên wontên gendholane | ingkang abdi sêdarum | sapa sitên ingkang ngaubi | pangraose kang manah | ing sasedanipun | kangjêng rama jêngandika | pan paduka sayogya dadosa gênti | amêngku tanah Jawa ||

13. wadyabala matur sarwi nangis | Jêng Pangeran Dipati Mêtaram [Mêtara...]

sah

--- [f. 400v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 51 dari 94

[...m] | tanbuh raose galihe | dening nêgaranipun | ing Mêntaram wus bosak-basik | kalulun ingkang rama | seda Têgilarum | têmpuh wibuhing wêrdaya | anglêlana tan ana sinêdyèng galih | dènnya anèng Toyamas ||

14. para mantri akathah tut wingking | ingkang para sêntona Mêtaram | miwah kang wadyabalane | warnanên rajasunu | duk sêmona tidak ing masjid | masigit ing Toyamas | namur galih wibuh | prapta lajêng sêsareyan | ponakawan kalih samya amêtêki | lagya rêm-êrêm sata ||

15. ponakawan maksih amêtêki | duk sêmona sasi kang katingal | pêpitu majing[138] jajane | masjid katon garuwung | sirah gada datan kaèksi | nanging langit kawuryan | sasi duk tumurun | tiningalana manusa | salandheyan cinadhak-candhak tan kêni | têka manjing ing grana ||

16. raja pinutra kagyat anglilir | duk alênggah anèng pasareyan | pêpungun ing sawungune | dening supênanipun | rajaputra sampun udani | yèn sasmitaning Allah | wau ingkang rawuh | sanès raosing wêrdaya | lan ing nguni jagat ing Jawa anênggih | sampun kagêm ing asta ||

17. jêng pangeran cahyaning dumêling | mapan kadya kang sasi purnama | angandika jro galihe | ya ta salaminipun | mangkeneya rasaning ati | kaya ta nora bêdhah | nêgari Mêtarum | ciptane raja pinutra | karsa madêg naledra padha sêmakin | gêntosi ingkang rama ||

18. sêkathahe bêrkatan Mêtawis | mapan wontên ing raja pinutra | kang pusaka sêkathahe | ya ta nulya rinasuk [rinasu...]

--- [f. 401r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 52 dari 94

[...k] | Ki Bêlabar sampun winaking[139] | pinarak ing dhêdhapar | punggawa supênuh | sêkathahe kang kawula | samya kagyat gagêtun ningali gusti | sanès kêlawan saban ||

19. cahyanira anglir pendah sasi | apan kucêm sakèhe kang seba | wadya tinibalan kabèh | miwah kang kamisêpuh | rajaputra jumênêng aji | susun Amangkurat |[140] bisikane ratu | Senapati Ingalaga | Ngabdulrahman Sayidin Panatagami | wadya samya ngèstokêna |[141]|

20. akathah ingkang jinujung ligih | sêkathahe ingkang abdi lama | lêlurah kadipatène | sami jinujung luguh | kang sawênèh aligih lapit[142] | wênèh jumênêng răngga | sawênèh tumênggung | tanapi ngabèi dêmang | wus wêrata sakèhe kang abdi lami | jinujung ingkang lênggah ||

21. sri naledra sigra anibali | maring adipati ing Têgal |[143] kang duta umêsat ae[144] | tan kawarna ing ênu | sampun prapta nêgari Têgil | panggih lan Martalaya | dhinawuhan sampun | pêkênira ingandikan | dening gusti sarta gêgamaning jurit | Martalaya sêndika ||

22. sampun budhal saking nagri Têgil | glise lampah prapta ing Banyumas | wus cundhuk lawan sang katong | angandika sang prabu | mêngko sira ingsun tuturi | prakara lakuningwang | marang Mêkah wurung | ingsun wus jumênêng nata | sêdyaningsun amangun karaton malih | Martalaya tur sêmbah ||

23. salaminipun kawula gusti | ngarsa-arsa datêng ing paduka | lamun jumênênga katong | gêntosi rama prabu | sêsukêre ingkang nêgari | inggih pun Martalaya | gusti ingkang mikul | amêsah Mêkasar Sapang[145] | jitusêna kang abdi datan gumingsir | tanapi [tana...]

--- [f. 401v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 53 dari 94

[...pi] wong bang wetan ||

24. sri naledra angandika aris | Martalaya sira saosêna | palwa kang wurung sun angge | arsa putusan isun | iya maring nagri Bêtawi | lan sira asaosa | juru mudhinipun | umatur Ki Martalaya | damêlipun utusan datêng Bêtawi | sang prabu angêndika ||

25. ingsun putusan maring Kumêni[146] | mudhut batu[147] mring gurnadur jedral[148] | Ki Martalaya ature | anuhun gusti nuhun | sampun ngage bala Kumpêni | wantuning wong Wêlada[149] | kathah cidranipun | tan tulus yèn pinisanak | sae lair batine amêngarahi | wantunipun wong kopar ||

26. aprakawis mêsah dalêm gusti | wadya Mêkasar lawan Mêdura | miwah bang wetan sakèhe | kawula ingkang sanggup | sagêndhinge ngêmbari jurit | nadyan gusti wêwaha | sakêthi pan purun | tan gumingsir ing ayuda | sri naledra mèngsêm angandika aris | tarima Martalaya ||

27. wruhanira[150] mêngko sun tuturi | kalaningsun maksih nèng wêtêngan | duk ibu lagya tingkêbe | syargine eyang ingsun | kangjêng sultan rajèng Mêtawis | ibu marêk jêng eyang | prapta jro kêdhatun | sultan pinarak dhêdhampar | sapraptane ibu eyang têdhak aglis | sangking luhur dhêdhampar ||

28. eyang ingsun Ratu Kulon nuli | matur marang eyang kangjêng sultan | sultan punapa karane | sapraptane bok mantu | dening nuntên tumêdhak aglis | kangjêng sultan ngandika | marang eyang ratu | nibok ratu wruhanira | dudu mantunira kang ingsun udhuni | kang ana jro wêtêngan ||

29. iya iku kang ingsun udhuni | dening besuk [be...]

--- [f. 402r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 54 dari 94

[...suk] padha lawan ingwang | dadi ratu iku têmbe | punjul samining ratu | lawan bala bacingah benjing | lah iku Martalaya | marma jênêng ingsun | mundhut bantu mring Wêlănda | aputusan marang nagari Bêtawi | maring gurnadur jendral ||

30. tumungkul muka konjêm ing siti | Martalaya kaungkulan sabda | dadya anurut karsane | sri nalendra angutus | kang lumampah dhatêng Bêtawi | Ki Arya Măndaraka | nênggih kang tinuduh | amundhi surat nalendra | tiyang kalih lan Ngabèi Nidakarti | juru mudhi wong Têgal ||

31. lèngsèr sangking ngarsane sang aji | duta kalih sigra lampahira | muara Têgal jujuge | anumpak samodra gung | ênêngêna ingkang lumaris | genti kang kawarnaa | kangjêng sang aprabu | kang maksih anèng Toyamas | angundhangi mring kang wadya agung alit | arsa budhal mring Têgal ||

32. angandika sang sri narapati | dhatêng kapêdhakira kang lama | Ki Pranăntaka wastane | hèh Gêndhewor sirèku | lumakua sira dèn aglis | sun utus marang Donan | ing masigit watu | iya ing Nusa Bêrambang | angalapa sêkar wijaya di luwih | iya wijayamulya ||

33. ayya mulih yèn ta durung olih | nadyan kongsi jambul wanên sira | sun upatani yèn mulèh | yèn ana kang pitulung | dene têka gampang ing benjing | kêmbang wijayamulya | mring sira kapangguh | Ki Pranăntaka tur sêmbah | pan sandika kawula datan gumingsir | nadyan prapta ing pêjah ||

34. sampun lèngsèr ing ngarsaning gusti | Pranăntaka asêdya mring Donan | anglugas raga lampahe | warnanên sang aprabu | wadyabala sampun acawis | budhal

--- [f. 402v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 55 dari 94

sangking Toyamas | gumêrah wadya gung | karsanira dhatêng Têgal | angantosi kang ingutus mring Bêtawi | Ki Arya Măndaraka ||

35. Martalaya nèng ngarsa lumaris | sampun rawuh nagara ing Têgal | Martalaya srah purane | masanggrahan sang prabu | nèng dalême ki adipati | dene wadya punggawa | aglar ngalun-alun | Adipati Martalaya | pan atugur anèng ing wijil ping kalih | gêgamane mêlatar ||

36. sakathahe kang para dipati | bang kilèn sadaya sami aseba |[151] ambêkta sagêgamane | langkung dene sêsugun | kawarnaa ingkang lumaris | Ki Arya Măndaraka | aglis lampahipun | ing Batawiyah wus prapta | wus kapanggih lawan kang para Rat Pêni | miwah gurnadur jendral ||

37. katarima prabayaning tulis | mupakat tuwan gurnadur jendral | myang para Rat Pêni kabèh | idêlir rolas rêmbug | ambêktani bala Kumpêni | senapatining yuda | amral kang tinuduh | Hèlduwèlbèh ingkang nama | pan kaloka ing sabrang prajurit luwih | dhomas suldhadhunira ||

38. pan kêkalih mayore anênggih | kumêndhanipun apan sakawan | pan wêwolu kapitane | myang wolu lutnanipun | lupèrèse wêwolu malih | sareyane nêmbêlas | kopral têlung puluh | kalih sukêtarisira | lawan malih Bugis Mêkasar lan Bali | sèwu Kumpêni Eslam ||

39. Krang Kêdhangkrang mayore wong Bugis | Kraèng Naba mayore Mêkasar | punika senapatine | têlas pitungkasipun | Sang Gurnadur Jendral Bêtawi | saksana nulya numpak | ing palwa gumuruh | syarane nata gêgaman | sigra layar

--- [f. 403r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 56 dari 94

wus anumpak ing jêladri | sigêgên kang lumampah ||

40. kawarnaa ingkang nglugas ragi | kang dinuta ing Nusa Bêrambang | Ki Pranăntaka lampahe | prapta masigit watu | datan nyipta kêlamun urip | amung anyipta pêjah | raose kang kalbu | tanpa bukti tanpa nindra | pitung dina anênêdha ing Yyang Widi | mugi angsala karya ||

41. mapan sampun karsaning Yyang Widi | apan nuju ing malêm Jumungah | ing têngah dalu wayahe | ana katingal mancur | ujyalanya ngêbêki bumi | kang wit wijayamulya | watu ênggènipun | kang sêkar Jayakusuma | mung sarakit nulya pinêthik tumuli | maring Ki Pranăntaka ||

42. langkung bungah dening antuk kardi | Pranăntaka sigra lampahira | maring Toyamas jujuge | nanging kapanggih suwung | lampahira laju mring Têgil | datan kawarnèng marga | praptèng Têgalarum | laju tumamèng ngayunan | sampun katur sêkar wijaya di luwih | mring Sang Prabu Mangkurat ||

43. kawarnaa ing Dêmak nagari | padêdesan Têmpalong punika | Martajaya kêkasihe | gunêm lan kadangipun | kang awasta Ki Wiramantri | lah adhi payo lunga | maring Têgalarum | nusul Pangeran Dipatya | ing wêrtane mêngko jumênêng nrêpati | anèng nagara Têgal ||

44. ingkang rayi alon anauri | paran karya anusul mring Têgal | pan dede kang muktèkake | yèn kakang arsa nusul | dawêk dhatêng nagri Mêtawis | Pangeran Pugêr kakang | wontên ing Mêtarum | kang mukèkên[152] mring dika |[153] Martajaya amêksa dhatêng kang rayi | kêdah nusul mring Têgal ||

45. ingkang rayi dadya anuruti | sigra

--- [f. 403v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 57 dari 94

mangkat sangking nagri Dêmak | wus praptèng Têgal lampahe | lajêng marêk sang prabu | sri nalendra kagyat ing galih | mulat ing Martajaya | angandika arum | hèh iku Si Martajaya | apa sira kinongkon marang si adhi | Martajaya tur sêmbah ||

46. inggih kajêng kawula pribadi | sêdya ngabdi gusti ing paduka | sang nata pangandikane | iya tarima ingsun | Martajaya umatur malih | nyaoskên pêjah gêsang | ing kangjêng sinuhun | dene ngrumiyini karsa | ananggulang mêsah Madura kang prapti | wontên nêgari Dêmak ||

47. nanging mangke mêngsah dalêm gusti | sampun lorod pun Dhangdhangwêcana | wangsul dhatêng panggenane | ngandika sang aprabu | angêlara jajahan benjing | barênga lawan ingwang | pirabara besuk | Dêmak sun paringkên sira | Martajaya manêmbah sumungkêm siti | langkung panuhunira ||

48. kawarnaa nagri Surawèsthi | wontên têtiyang ingkang suwita | duk maksih kadipatène | akalih sanakipun | kang sawiji nèng Surawèsthi | dene ingkang atuwa | Ki Ănggajayèku | angabdi kangjêng susunan | ingkang anèm Ănggawăngsa kang wêwangi | anusul marang Têgal ||

49. sampun panggih lan rakanirèki | Ănggajaya langkung sukanira | kapanggih lawan arine | ngaturakên sang prabu | angandika sri narapati | lah iya lakonana | larane rumuhun | yèn ana arjaning lampah | Surabaya sun paringakên ing benjing | kalawan kakangira ||

50. kawarnaa kang anèng jêladri | lampahira Arya Măndaraka | lawan Amral Hèlduwèlbèh | prapta muara sampun | nulya labuh palwanirèki | Ki Arya Măndaraka | umêsat rumuhun |

--- [f. 404r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 58 dari 94

kawarnaa sri nalendra | duk pinarak anèng wijil kaping kalih | andhèr ing wêwingkingan ||

112. Pangkur

1. sira Arya Măndaraka | sampun prapta lajêng marêk nêrpati | nêmbah sarya ngaras suku | sang nata langkung suka | Măndaraka aris dènira umatur | kang tabe gurnadur jendral | kaatura ing nêrpati ||

2. layan kêkintun rêruba | inggih katur dhatêng paduka aji | lampah kawula pukulun | pun kaki jendral suka | dening gusti karsa nampar mundhut bantu | abdi dalêm binêktanan | kang prajurit warna-warni ||

3. sèwu kang Kumpêni Islam | wonglung[154] atus inggih Kumpêni kapir | wontên dening tindhihipun | senapatining yuda | inggih Amral Hèlduwèlbèh wastanipun | Mêkasar Karaèng Naba | Kadhangkrang Karaèng Bugis ||

4. karênan jroning wardaya | sri nalendra ya ta ngandika aris | payo timbalana gupuh | marang ing ngarsaningwang | Măndaraka sandika sigra wotsantun | lèngsèr sangking ngarsa nata | wus prapta pinggir pasisir ||

5. amral sampun dhinawuhan | pakanira ngandikan ing nêrpati | ing gusti kangjêng sinuhun | arsa panggih lan sira | sira Amral Hèlduwèlbèh atut pungkur | mring Ki Arya Măndaraka | Kadhangkrang Naba umiring ||

6. ya ta wau kawarnaa | kang sinuhun sampun miyos tinangkil | arsa manggihi têtamu | kang sangking Batawiyah | pêpêk andhèr kang wadyabala supênuh | Amral Hèlduwèlbèh prapta | Ki Măndaraka angirid ||

7. mayore kalih binêkta | myang kumêndhan kapitan samya ngiring | anèng ngarsane sang prabu | samya ngadêk sadaya | apan sarwi angêmpit têpiyonipun | kagèt kang sami [sa...]

--- [f. 404v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 59 dari 94

[...mi] tumingal | angandika sri bupati ||

8. hèh karane Măndaraka | Si Wêlănda nora gêlêm ngabêkti | aseba ing jênêng ingsun | matur Ki Măndaraka | inggih gusti mapan sampun adadipun | dhatêng nagrinipun pyambak | mara ngadêk ngêmpit topi ||

9. mèngsêm kangjêng sri nalendra | Martalaya sigra dènnya marani | Wêlănda cinêkêl gupuh | gulune kinèn lênggah | sira Amral Hèlduwèlbèh datan purun | dèrèng wruh tataning Jawa | Ki Martalaya abêngis ||

10. apa sira nora wikan | lamun iki ana ngarsaning gusti | aparêk lawan sang prabu | aranmu lanat kopar | Mayor Pilman ningali gagêdhenipun | pêngrasane dèn sikara | sigra dènnya marêpêki ||

11. pan sarwi angingêr pêdhang | Mayor Pilman babêrngose dèn puntir | Ki Martalaya amuwus | hèh sira arsa mêdhang | sri nalendra tumingal kalangkung bêndu | ngandika mring Măndaraka | punika kang kinèn nyapih ||

12. amral dèn rangkul saksana | marang Arya Măndaraka wus linggih | Amral Hèlduwèlbèh muwus | paran Ki Măndaraka | aprakara lêlakone awak ingsun | dhingin sira kang milala | têkèng êdon tanpa ji |[155]|

13. iya lamun mangkeneya | pasthi mulih ingsun marang Bêtawi | parandene sang aprabu | tan ana pariksanya | Arya Măndaraka aris wuwusipun | amral ingkang ora-ora | ya iku Dipati Têgil ||

14. lamun sang nata dukaa | pêsthi norana kang jaga Kumpêni | pêsthine agawe butuh | lan jaman durung karta | nora nana kang gawa obat mimismu | agampang [a...]

--- [f. 405r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 60 dari 94

[...gampang] yèn mungsuh sirna | tagihên ingsun ing benjing ||

15. amral suka amiyarsa | Măndaraka kang datan kêna têbih | sampun pinaringan suguh | bêras lan bèbèk ayam | kêbo sapi wong pasisir kabèh urun | bêras pirang-pirang koyan | atusan kang kêbo sapi ||

16. nulya binagi sakala | langkung suka manahe wong Kumpêni | Amral Hèlduwèlbèh matur | ing kangjêng sri nalendra | kang pitungkas pun kaki tuwan gurnadur | jendral dhatêng ing kawula | sakarsa paduka aji ||

17. prakawis lampah kawula | dipun kongsi lêbur têngahing jurit | datan gumingsir ing kewuh | punapa rèh paduka | anglampahi karya tuwan sang aprabu | pêjah gêsange Wêlănda | paduka ingkang dêrbèni ||

18. lawan malih kang pitungkas | sakirange wadya sangking Bêtawi | kang badhe ingabên pupuh | Wêlandi ing Jêpara | pan punika inggih katura sang prabu | kawula kinèn ambêkta | kantuna kang têngga loji ||

19. yèn sampun têlas bicara | kula nuwun mring Jêpara rumiyin | dene Kumpêni kang kantun | satus jagi ing tuwan | pun Kapitan Karnis kang kawula tuduh | lawan pun Kapitan Juspral | kang rumêksa ing nrêpati ||

20. kang sinuhun angandika | karêpira ingsun têka nuruti | nanging rèrèha karuhun | têka ing têlung dina | wus pinêrnah amral pamondhokanipun | lèngsèr sangking ngarsa nata | Ki Măndaraka tut wuri ||

21. timbalane sri nalendra | Măndaraka ingkang mongmong Kumpêni | sri naranata wus kondur | ya ta ing pêndhak enjang | sinewaka para punggawa gung-agung | miwah Arya Măndaraka | wus munggèng ngarsa

--- [f. 405v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 61 dari 94

nêrpati ||

22. dangu dènira sineba | arsa jungjung marang kang abdi-abdi | wong kadipatèn sadarum | sarta pinaring nama | Arya Măndaraka jinungjung kang lungguh | Adipati Măndaraka | mapan kinarya pêpatih ||

23. Pranăntaka sinung nama | Radèn Arya Sindurêja anênggih | Ăndakara wastanipun | Tumênggung Wiradigda | Kyai Sêndhi Dipati Urawan iku | Nidakarti ingkang nama | Tumênggung Binarong nênggih ||

24. wontên malih kang babêktan | pan kapêrnah paman ing sri bupati | sêntana sangking kang ibu | Radèn Anrangkusuma | sri nalendra mundhut tiyang Têgilarum | kang kinarya upacara | tigang atus wong pinilih ||

25. ingaran wong Jagasura | angandika kangjêng sri narapati | maring Arya Sindurjèku | lah sira lumakuwa | ingsun utus marang ing desa ing Kêdhu | amaspadakkên Mêtaram | sapa ingkang angênggoni ||

26. Radèn Madurêtna Batang | kang tinuduh dadosa ingkang kanthi | kêkalih sarêng wotsantun | lèngsèr sangking ngayunan | wus amêpêk wadya syarane gumuruh | miwah wadyabala Batang | wong anom samya rumiyin ||

113. Sinom

1. Radèn Arya Sindurêja | budhal sangking nagri Têgil | lawan Radèn Madurêtna | gumêrah syaraning dasih | saupacara asri | wong Saragêni nèng ngayun | gandera warna-warna | wong anumbak anèng wuri | busanane tinon lir sêkar sêtaman ||

2. tan kawarna lampahira | wus lêpas sakèhing baris | ing Kaliwungu wus prapta | rêrêb rahadyan salatri | saksana budhal enjing | wus ngancik têlatah Kêdhu | Rahadyan Sindurêja | ing Kathithang sampun prapti |

--- [f. 406r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 62 dari 94

kathah prapta kang sêntana parimana ||

3. kathah kang sami sasêgah | sakiwa têngêne baris | mring Rahadyan Sindurêja | sakarine ingkang ngili | dhusun ing Kêdhu nênggih | sêmana maksih dahuru | akèh begal-binegal | yèn bêngi garigis maling | apan tukup-tinukup sami marêpat ||

4. amung Kyai Wăngsacitra | ing Kêdhu maksih kuwawi | kèringan ing tăngga desa | tan ana kang wani-wani | bawa lêksana nênggih | dhasar sugih anak putu | kiwa têngên nguyunan | suyud sadaya wong cili | Wăngsacitra marêk ing Arya Sindurja ||

5. wus mangkat sangking ing wisma | sasuguhe datan kari | asêdya marang Kathithang | sakulawăngsa angiring | miwah sutane kalih | Ki Buwang lawan Ki Lêmbu | kalih sami prakosa | datan kawarna ing margi | sampun prapta Wăngsacitra ing barisan ||

6. katur ing Radèn Sindurja | tinarima sêgahnèki | Radèn Arya Sindurêja | kalangkung dènira asih | pan kinèn anguyuni | sadaya desa ing Kêdhu | wong Bumi lan Bumija | sampun suyud sadayèki | samya ajrih wong Kêdhu mring Wăngsacitra ||

7. dene têguh tur prawira | mila wong Kêdhu samya jrih | lan malih bawa lêksana | sugih sanak tur kuwawi | Ki Wăngsacitra nênggih | wus agêng dêdamêlipun | Rahadyan Sindurêja | kang langkung asrêp ing galih | mapan sampun ngaturi sêrat mring Têgal ||

8. katur dhatêng sri nalendra | Wăngsacitra lamun bêcik | atêguh bawa lêksana | sugih sanak lan kuwawi | pan sampun dèn èstrèni | dening kangjêng kang sinuhun | utusan wus tinulak | ambêkta lorodan nyamping | pinaringkên maring Kyai [Kya...]

--- [f. 406v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 63 dari 94

[...i] Wăngsacitra ||

9. lawan jinunjung kang lênggah | pinaring nama Bupati | Wêdana Bumi Bumija | sangsaya agêng kang galih | gêgamanira nênggih | awêtara tigang èwu | sampun karya gêndera | lêlayu kêkadha[156] asri | Wăngsacitra bèr budi bawa lêksana ||

10. sarta pinatêdhan nama | Tumênggung Mangkuyudèki | lan pinundhut anakira | ing kangjêng sri narapati | sampun katur mring Têgil | Ki Buwang lawan Ki Lêmbu | Rahadyan Sindurêja | ngandikan mundur tumuli | kang tinilar Ki Tumênggung Mangkuyuda ||

11. pan sampun waskithèng warta | aprakara ing Mêtawis | budhal Arya Sindurêja | lan Radèn Madurêtnèki | Kya Mangkuyuda nênggih | dhèrèkakên Kaliwungu | tan kawarna ing marga | sampun prapta ing Têtêgil | lajêng saos Radèn Arya Sindurêja ||

12. sigra nulya ingandikan | prapta ing ngarsa nêrpati | Radèn Arya Sindurêja | katur sasolahing nguni | sang nata ngandika ris | apa wêrtaning Mêtarum | radèn arya tur sêmbah | inggih nêgari Mêtawis | pun Madura kawone lorod mangetan ||

13. yuda lan rayi paduka | Kangjêng Pangeran Dipati | ing Pugêr sampun ngadhatyan | wontên nêgari Mêtawis | sampun jumênêng aji | Ingalaga kang jêjuluk | sineba ing Mêtaram | mung wadya măncanagari | maksih bahak-binahak lawan Mêtaram ||

14. sang nata mèngsêm ngandika | sokur yayi Mas Dipati | ing Pugêr angrêbat pura | ya ta kawuwusa malih | amral kinèn rumiyin | lawan Kumpêni sadarum | layar marang Jêpara | sarta kinanthèn bupati | kang tinuduh Adipati Măndaraka ||

--- [f. 407r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 64 dari 94

15. lawan Radèn Nrangkusuma | kang kinon among Kumpêni | anulya numpak ing palwa | kang wadya anitih kèci | dene bupati kalih | apan nunggil sapêrau | ing kapal lawan amral | kocapa sri narapati | angundhangi sakathahe wadyabala ||

16. amung ganti pitung dina | lan amral budhal sang aji | sri nalendra angandika | marang Ki Martajayèki | sira sun utus dhingin | muliha mring nagaramu | angêlara jajahan | poma sira dèn abêcik | asebaa yèn ingsun prapta Jêpara ||

17. tur sêmbah Ki Martajaya | lèngsèr sangking ngarsa aji | mangkat lan sakadangira | agêgancangan lumaris | tan kawarna ing margi | praptèng nagri Dêmak sampun | anulya mradandanan | wus angadêgakên baris | kang dèn êlar jajahan pasisir wetan ||

18. ya ta kangjêng sri nalendra | budhal sangking nagriTêgil | mapan miyos ing dharatan | sumahab lampahing baris | tinon awarna-warni | punggawa lumampah ngayun | Rahadyan Sindurêja | saupacaranya asri | kasambungan Tumênggung Wirawidigda ||

19. Kyai Dipati Urawan | sagêgamane nambungi | Adipati Martalaya | lumampah ngarsa nêrpati | sagêgamane asri | bandera lawan lêlayu | dene prajuritira | kalih atus kang ginangsing | anom-anom samya ukiran kêncana ||

20. sami rasukan rarendan | sadaya sinimping-simping | bêbêt sêmbagi sadaya | asêsondhèr sutra kuning | asabuk ababênting | cindhe kêmbang lan kêkupu |

--- [f. 407v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 65 dari 94

acalana rarendan | asikêp waos rinukmi | lêlurahe wolu nyuriga cêrapang ||

21. kang munggèng wuri sang nata | sakèhe wadya Kumpêni | lampahe ababêrgadan | lutnan lupèrès ngidêri | kapitan amiranti | gumrudug syaraning tambur | wurine para garwa | miwah para gusti-gusti | kang rumêksa wong pasisir anèng wuntat ||

22. datan kawarna sêmana | lampahira sri bupati | rawuh nagri Pangangsalan | rêrêb sadaya kang baris | wong Pangangsalan nênggih | pinundhut wong tigang atus | kinarya upacara | ingaran wong Jodhipati | ênêngêna ingkang anèng Pêngangsalan ||

23. ya ta ingkang kawarnaa | kang lumampah ing jêladri | Adipati Măndaraka | lan sagung wadya Kumpêni | layar pan antuk angin | ing muara sampun rawuh | pasisir ing Jêpara | anênggih Kyai Ngabèi | Wăngsadipa sampun mêthuk ing muara ||

24. Adipati Măndaraka | wus mêntas lawan Kumpêni | sampun prapta ing dharatan | miwah sakèhe wadya lit | sira Kyai Ngabèi | Wăngsadipa asêsugun | kyana patih ngandika | timbalane sri bupati | yèn manira angatêr ing tuwan amral ||

25. musuh kang ana Jêpara | kinèn anggêpuk ing jurit | timbalane sri nalendra | amral sigra anambungi | lah inggih kyai pundi | ênggène mêngsah sang prabu | nauri Wăngsadipa | nèng Jagatamu rumiyin | nanging mangke wong Sampang sampun mangetan ||

26. lorode mêngsah bang wetan | kawula kang banjêl jurit | rencang kawula ayuda | wong Prêsman [Prêsma...]

--- [f. 408r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 66 dari 94

[...n] mawan[157] wong Anggris | adagang wontên ngriki | punika tumut têtulung | ya ta amral miyarsa | kalangkung èmêng kang ati | dene wontên wong sabrang têtulung yuda ||

27. dadya agunêm saksana | sagung niyaka Kumpêni | gilig sadalêming driya | amral micarèng jro ngati | wong Prêsman lan wong Anggris | sun prih aja kasi têmu | lawan rajèng Mêtaram | yèn kongsiya apêpanggih | pêsthi lamun wong Anggris ingajak yuda ||

28. yèn kongsia milu yuda | wong Prêsman lawan wong Anggris | pêsthine kalamun gêmpal | ganjaran ingsun ing benjing | angur ta ingsun iki | angilangêna rumuhun | dadia opah-opah | maring wong Prêsman lan Anggris | sun awadne pêparinge sri nalendra ||

29. wong Anggri[158] wus kinèn ngundang | tan adangu nulya prapti | ngarsèng Kumpêni sadaya | amral wuwuse amanis | wong Prêsman lan wong Anggris | timbalane sang aprabu | dènira tulung yuda | langkung tinarima kang sih | pinaringan sira reyal kalih lêksa ||

30. nanging ta nuli lungaa | sangking nagari ing ngriki | wong Anggris alon aturnya | parau kawula gusis | adamêl angusungi | dagangan binêkta mantuk | amral aris angucap | iya ingsun kang gawani | palwaningsun sawiji sira gawaa ||

31. palwa sampun tinampanan | wong Anggri Prasman wus pamit | samya numpak ing baita | sapraptane ing jêladri | palwane dèn uncêgi | dening Wêlănda wus butul | sadhatênge ing têngah | palwa kèrêm kêbêk warih | dadya pêjah wong Anggris lawan wong Prêsman ||

--- [f. 408v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 67 dari 94

32. amral sampun masanggrahan | warnanên sri narapati | budhal sangking Pêkalongan | mêdal lautan sang aji | sakèhe para gusti | para garwa maksih kantun | anèng ing Pêngangsalan | ingkang anèng ing jêladri | sri nalendra lawan kang para punggawa ||

33. prasamya ababar layar | baita awarna-warni | lir pêksi krêndha rêratyan | gumêrah ingkang wadya lit | awor umbak lan bèri | ing samodra kadya mêndhung | ingkang palwa anglarap | ing laut kang winarni |[159] pangarsane wus angranjing ing muara ||

34. amral pan sampun miyarsa | yèn rawuh sri narapati | myang Dipati Măndaraka | sigra mêthuk ing pasisir | Wăngsadipa Kiyai | sampun amêpêk sêsuguh | wong Kumpêni sadaya | abaris pinggir pasisir | Adipati Măndaraka Wăngsadipa ||

35. tumêdhak sangking baita | sang nata sarta kinanthi | ingkang asta dening amral | inginggahkên rata adi | ya ta wadya Kumpêni | êdrèl syarane gumrudug | mariyêm bal-ambalan | awor tambur anggumyuri | sri nalendra budhal sangking ing muara ||

36. Walănda alêlumbungan | anggarêbêg ing sang aji | amral lumampah ing dharat | anindhihi ingkang baris | miwah kang wadya jawi | ing Jêpara sampun rawuh | wismane Wăngsadipa | nênggih kang dèn pasanggrahi | wadyabala ing alun-alun mêlatar ||

37. samya marêk ing sang nata | para niyaka Kumpêni | miwah sakèhe dipatya | pêpêk kang wadya gung alit | ngandika sri bupati | mring Ki Wăngsadipa arum | nèng ngêndi mungsuhira | Wăngsadipa matur bêkti | mêngsah dalêm [dalê...]

--- [f. 409r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 68 dari 94

[...m] gusti wus lorod mangetan ||

38. karênan sri naranata | ya ta kawarnaa malih | ing Têmpalong Martajaya | arsa marêk ing nrêpati | wadya Dêmak kinêrig | sarta sagêgamanipun | wus prapta ing Jêpara | wadyabala anèng jawi | Martajaya jujug ing wijil kapisan ||

114. Mijil

1. kawarnaa sang sri narapati | sêmana wus miyos | sinewaka ing wadyane andhèr | Martajaya majêng awotsari | kagyat sri bupati | angandika arum ||

2. Martajaya sira iku prapti | matura dèn alon | kayaparan ing Dêmak wartane | Martajaya matur awotsari | mêngsah dalêm gusti | inggih sampun mundur ||

3. langkung suka jêng sri narapati | angandika alon | pirsakêna wadyaningsun kabèh | Si Martajaya ingsun paringi | ing Dêmak anênggih | jênênga tumênggung ||

4. Si Tumênggung Suranata iki | pêparingan ingong | padha sira èstokêna kabèh | lan Si Wăngsadipa sun paringi | jênênga Dipati | Martapura iku ||

5. sagung punggawa sami ngèstrèni | ing karsa sang katong | ya ta wontên winuwusa mangke | Mangkuyuda ing Kêdhu wus prapti | seba ing nêrpati | wadyanira agung ||

6. tigang èwu wong Kêdhu angiring | prasamya nom-anom | sri nalendra kalangkung sukane | aningali ing Mangkuyudèki | nêngêna sang aji | gênti kang winuwus ||

7. Trunajaya kang madêk nêrpati | wus oyod arondhon | wong bang wetan suyud sadayane | Prabu Trunajaya wus angalih | sangking Surawèsthi | Kêdhiri winangun ||

8. kang tinuduh anèng Surawèsthi | prajurit samyatos | wong Madura têngga tampingane | wong

--- [f. 409v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 69 dari 94

Mêkasar nunggil nèng Kêdhari[160] | sawadyanirèki | tan pisah akumpul ||

9. apan ingambil mantu pribadi | Sang Raja Gêlengsong | dene ingkang tinarimakake | Radèn Ayu Surêtna kang nami | warnanya yu luwih | putrane pambayun ||

10. Raja Galengsong sinung wêwangi | nama Prabu Anom | amisuwur wong Kadhiri kabèh | Prabu Trunajaya kang winarni | umiyos tinangkil | sineba wadya gung ||

11. Ki Tumênggung Dêrmayuda nangkil | Pasuruan kang wong | kang kinarya gêdhig mênggalane | asisih lawan Mangkuyudèki | wong măncanagari | Darmayuda sinung ||

12. Mangkuyuda sinung wong pasisir | samya akarya wong | Gulang-gulang myang Gêgangsingane | Dulangmangap miwah Talangpati | wong Anjayèngwèsthi | wong Andakalawung ||

13. Prabu Trunajaya ing Kêdhiri | Madurêtna kang wong | mapan sampun miyarsa wartine | lamun Kangjêng Pangeran Dipati | Anom ing Mêtawis | wus jumênêng ratu ||

14. Darmayuda matur awotsari | anuwun sang katong | Jêng Pangeran Dipati wartine | amisuwur èstu wontên Têgil | mangke ingkang warti | nèng Jêpara sampun ||

15. ing Jêpara gènnya tata baris | pasisir bang kulon | pan akumpul sarta gêgamane | layan mawi abala Kumpêni | sangking ing Bêtawi | gunge wolung atus ||

16. Bugis Mêkasar kalawan Bali | sèwu cacahing wong | miwah Ambon Sêmbawa Têrnete | warna-warna wong sabrang kang prapti | wong Siyêm lan Pasir | Jahor myang Lumayu ||

17. têtindhihe kang wadya Kumpêni | pun amral punang wong | Hèlduwèlbèh punika wastane | wadya Bugis ingkang anindhihi | nênggih

--- [f. 410r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 70 dari 94

putra Bugis | Kêdhangkrang namèku ||

18. wong Mêkasar putra kang nindhihi | Karaèng Naba nom | mapan sami prajurit kalihe | kang kinanthi dene wong Mêtawis | anunggil Kumpêni | ing benjing yun magut ||

19. Darmayuda rampung aturnèki | Sang Raja Gêlengsong | amiyarsa kumêmbêng waspane | emut lamun kadange sayêkti | lumayyèng Bêtawi | Karaèng Nabèku ||

20. Prabu Trunajaya ngandika ris | awuwuha kang wong | wong ing sabrang dèn kêriga kabèh | pira bobote wong sèjèn bumi | wuwuha sakêthi | nora miris ingsun ||

21. Darmayuda matur awotsari | alêrês sang katong | wong ngumbara pêsthi lamun kacèk | kula benjing anênggulang jurit | mungsuh lan Kumpêni | tanapi Lumayu ||

22. adhi Mangkuyuda sun bubuhi | ngarêpna wong Ambon | wong ing Pasir Sêmbawa Têrnete | Mangkuyuda sugal dènira ngling | tandhinga sakêthi | tan gingsir sarambut ||

23. mapan lajêng drawina sawêngi | gumêrah ponang wong | para prajurit langkung sukane | ênêngêna kang anèng Kêdhiri | warnanên anênggih | sang rajèng Matarum ||

24. sinewaka ing para bupati | munggèng ngarsa katong | miwah sira Amral Hèlduwèlbèh | Ănggajaya lan Ănggawangsèki | sanake kèh prapti | matur ing sang prabu ||

25. nusul sangking nagri Surawèsthi | ngandika sang katong | timbalana sun pirsa tuture | Trunajaya kaya pa kang warti | tan adangu prapti | kang ngandikan wau ||

26. angandika sang sri narapati | dhatêng kang punang wong | Surabaya paran ing wartane | kang dinangu matur awotsari | nagri Surawèsthi | gusti sampun suwung ||

27. Trunajaya wontên ing Kêdhiri | gènipun ngadhaton | kang tinilar nèng Surabayane | pun Madura Dhangdhangwêcanèki | Wăngsaprana nênggih | têtindhihing kewuh ||

28. Trunajaya wus miyarsa warti | yèn paduka katong | arsa ngrurah ing sawadya kabèh | amagut ing rana Surawèsthi | lan wadya Kumpêni | miwah ing Mêtarum ||

29. Darmayuda ingkang ananggupi | atandhing lan Ambon | wong

--- [f. 410v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 71 dari 94

Lumayu miwah wong Têrnete | punapa malih wadya Kumpêni | Darmayuda gusti | punika kang sangguh[161] ||

30. ya ta mèngsêm jêng sri narapati | angandika alon | marang sira Amral Hèlduwèlbèh | sun angrungu Si Gêlengsong nênggih | kadange nèng ngriki | Karaèng Nabèku ||

31. Mral Duwèlbèh umatur wotsari | saèstu sang katong | abdi dalêm pun Naba kadange | pun Gêlengsong kang wontên Kadhiri | kangjêng sri bupati | kasmaran ing atur ||

115. Asmaradana

1. sun pundhut Si Naba iki | sun duta marang bang wetan | atêmua lan kadange | kang sarta angawasêna | gamane Trunajaya | Amral Hèlduwèlbèh matur | kawula gusti sumăngga ||

2. Kraèng Naba dèn timbali | sigra prapta ing ngayunan | sang nata pangandikane | hèh Naba sira sun duta | iya marang bang wetan | atêmua lan kadangmu | lan awasna Trunajaya ||

3. dene sira sun gawani | wong ingsun kang luwih guna | Ki Mirmagati arane | lan bisa limalas basa | sun wèhi malih sira | kanthi kang wong surèng kewuh | tur bupati karo pisan ||

4. Si Martapura sawiji | kalawan Si Martalaya | iku gawanên karone | nanging ta padha nglugasa | Kraèng Naba tur sêmbah | gusti lêbura ing kewuh | anglampahi karya nata ||

5. datan gumingsir ing kardi | pêjah gêsangipun Naba | kagungan dalêm sang katong | kang mugi-mugi angsala | barkat paduka nata | panjênêngan ratu agung | kang mangku rat tanah Jawa ||

6. sarêng dènnya awotsari | wong sakawan sarêng mangkat | Mirmagati pangarêpe | kalayan Karaèng Naba | dene Ki Martapura | kang bêkta pawohanipun | wong roro Ki Martalaya ||

7. Kraèng Naba [Na...]

--- [f. 411r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 72 dari 94

[...ba] Mirmagati | pawohane kang binêkta | pan sampun lêpas lampahe | ing siyang dalu lumampah | datan kawarnèng marga | prapta pabarisan agung | sawetane palabuhan ||

8. pan katuju lampahnèki | wontên Makasar lêledhang | êmbane Raja Gêlengsong | kapêthuk Kêraèng Naba | êmban sigra tur sêmbah | dhuh bêndara gustiningsun | botên anyana kawula ||

9. abasa gusti pinênging | anêmbah tan sinukanan | acaraa sanak bae | payo ingsun atêrêna | mring gone gustinira | saksana sarêng lumaku | sampun prapta pasanggrahan ||

10. kapanggih layan kang rayi | Raja Galengsong karuna | anungkêmi ing padane | Kêraèng Naba anabda | adhi sira mênênga | aja adawa winuwus | kang rayi anulya lênggah ||

11. ature asêmu tangis | dhuh kakang botên anyana | kula ulari lamine | wontên ing pundi paduka | nauri Kraèng Naba | asuwita yayi ingsun | marang sang rajèng Mêtaram ||

12. pan ingsun ingutus adhi | anêmoni marang sira | gustiningsun timbalane | kang dhawah maring manira | Naba sira sun duta | têmonana sadulurmu | iku pulutên dèn kêna ||

13. marma tan banjêl tumuli | angantèni lakuningwang | gustiningsun pangemane | aja kongsi têmah yuda | ingsun kalawan sira | Raja Gêlengsong amuwus | gih kakang sokur kawula ||

14. anging kawula ing mangkin | kakang ta kados punapa | yèn kula tilara bolos | dadya won-awoning jalma | kakang pun Trunajaya | pan akathah pênêdipun | ing benjing têngahing rana ||

15. kula ngamuk sangking wuri | tumut ing rajèng Mêtaram | sampun kakang pindho gawe | Kêraèng Naba angucap | iya yayi dèn yitna | dèn bisa anamur laku | aja kongsi kamanusan ||

16. Ki Martapura anênggih | kalawan Ki Martalaya | katiga Mirmagatine | nèng wurine Kraèng Naba | Raja Gêlengsong mulat | sadangunira alungguh | anglirik sarwi

--- [f. 411v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 73 dari 94

pocapan ||

17. Raja Galengsong nabda ris | kakang kang wuri punika | kêkalih sintên wêstane | lan tumut tiyang punapa | kakang wontên ing ngrika | dene sami bagus-bagus | sêmune padha prawira ||

18. kang raka mèngsêm nauri | bature Ki Mirmagatya | kang padha gawa jambene | Raja Glengsong kagawokan | micara jroning driya | prajurite wong Matarum | padha bisa namur lampah ||

19. wong Mêtaram bêcik-bêcik | sawang-sawunge ayuda | ngadua kaprawirane | kaya nora bisa kalah | amusuh wong bang wetan | tan kawarna solahipun | lamine nèng pasanggrahan ||

20. amung sadina sawêngi | wus matêng ingkang bicara | ya ta warnanên enjinge | Karaèng Naba pamitan | mêdal sangking pondhokan | sapraptanirèng lêlurung | ana wong Madura wikan ||

21. anulya dipun barisi | anèng wetan palabuhan | sarêng wong sakawan katon | wong Sampang sigra nêrajang | mapan sarya asurak | wong sakawan sampun rêmbug | ing kewuh sarêng palastra ||

22. prasamya adandan aglis | Ki Mirmagati sêmana | nulya cinandhak lambunge | mring sira Kêraèng Naba | dyan binakta malumpat | prapta sabrang kilèn sampun | Mirmagati Kraèng Naba ||

23. palabuhan nuju banjir | ambane salawe cêngkal | kang kari sabrang wong loro | Martalaya Martapura | kang ngêpung mèh anumbak | sigra dènnya cingcing gupuh | wong kalih sarêng lumumpat ||

24. wus prapta kilèn bênawi | wong sêkawan nulayya[162] mangkat |[163] wong Sampang sadaya gawok | kari andongong kewala | warnanên kang lumampah | datan kawarna ing ênu | sampun prapta

--- [f. 412r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 74 dari 94

ing Jêpara ||

25. lajêng marêk ing sang aji | sarêng prapta ing ngayunan | sri nalendra ngandika lon | sira padha kaslamêtan | iya ing lakunira | kang abdi sarêng umatur | pan angsal sawab paduka ||

26. katur sasolahing nguni | Kraèng Naba atur sêmbah | abdi dalêm pun Galengsong | ing benjing têmpuhing yuda | angamuk sangking wuntat | langkung suka sang aprabu | amiyarsa aturira ||

27. sri nalendra animbali | Ki Tumênggung Suranata | kinèn anggitika age | wong Sampang kang anèng Rêmbang | miwah kang anèng Tuban | wong Dêmak budhal gumuruh | gêgamane warna-warna ||

28. wawolu kadangirèki | Ki Tumênggung Suranata | atêngêran dhewe-dhewe | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing Rêmbang | langkung ramene kang pupuh | wong Dêmak angamuk rampak ||

29. wong Madura samya ngisis | lumayu ngumpul mring Tuban | pan dèn êlut saparane | pangamuke bala Dêmak | kadya buta mêmăngsa | ing Tuban sampun karêbut | dene wadyabala Dêmak ||

30. kandhêk Sidayu kang baris | wong Madura amêlatar | wadya Dêmak mundur kabèh | mantuk marang ing Jêpara | agênti kang kocapa [koca...]

--- [f. 412v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 75 dari 94

[...pa] | Dipati Martalayèku | bupatine ing Têtêgal ||

31. praptane sangking Kêdhiri | pan nora aseba-seba | mapan mangkana ujare | yèn ingsun dulu wong Sampang | saparipolahira | ing ngêndi gone katêmu | tan usah nganggo Wêlănda ||

32. ingsun dhewe apan wani | amusuh Si Trunajaya | angrupaka jajahane | ing ngêndi gone ayuda | ingsun lan Trunajaya | sanadyan êndhasa sèwu | wong Sampang ingsun tan ulap ||

33. ingsun sanggup ngobrak-abrik | dhangkane ing Sampang pisan | sapuluh-puluh sang katong | tan nganggo rêmbug manira | kudu gugu Walănda | wong ngalap opah ginugu | kêna kêmate wong kopar ||

34. nora seba ingsun iki | nadyan silih dinukana | kang sêntana matur kabèh | sampun makatên kang sêdya | sarèhning wong ngawula | sakarsane gustinipun | kyai tinurut kewala ||

35. dipun emuta angabdi | lan kyai pinutra-putra | sri nalendra langkung sihe | para bupati sadaya | tan kadya jêngandika | pan pinutra-putra danu | abêkuh Ki Martalaya ||

36. warnanên wadya Kumpêni | sampun amiyarsa warta | yèn Ki Martalaya mirong | asêngit marang Wêlănda | tan arsa seba-seba | niyaka Kumpêni kumpul | wus riyêg ingkang

--- [f. 413r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 76 dari 94

bicara ||

37. ponang bicara kang dadi | arsa amutungi lampah | yèn tan angsal panuwune | ing sirnane Martalaya | amral saupêsirnya | marang pamondhokanipun | Adipati Măndaraka ||

38. mapan sarya bêkta tulis | katur marang Ki Dipatya | Măndaraka matur alon | lah tuwan punapa karsa | dene gati ing lampah | Amral Hèlduwèlbèh muwus | ingkang surat tingalana ||

39. Măndaraka wus andugi | tuwan andika mantuka | mangke manira pikire | kalayan kănca sadaya | sakèh para niyaka | Amral Hèlduwèlbèh mantuk | wus pracaya kyana patya ||

40. datan kawarna ing mangkin | Adipati Măndaraka | sampun manjing ing kêdhaton | katur saature amral | èmêng sri naranata | ya ta angandika arum | sang nata mring Măndaraka ||

41. sira rêmbuga kang bêcik | lan sakèhe kancanira | Si Dipati Urawane | muwah Si Wirawidigda | paman Anrangkusuma | Si Binarong aja kantun | lawan Arya Sindurêja ||

42. kyana patih awotsari | pan abdi dalêm sadaya | sumăngga karsa sang katong | sri nalendra angandika | lah sira timbalana | Si Martalaya dèn gupuh | kang sêmu ayya kêtara ||

43. Si Martalaya yèn prapti | dèn bêcik sira taria | yèn wani dhingini gawe | anglanggar Si Trunajaya | ing wêngi angkatêna | nuli lokêna kang umum | yèn bolos Si Martalaya ||

44. prapta kang kinèn nimbali | Ki Dipati Martalaya | utusan matur yèn mokok[164] | asakit pawadanira | sang nata angandika | kaya priye wêtaramu | apa nyata lamun lara ||

45. utusan matur wotsari | gusti wêtawis kawula | kados pawadan kimawon | sang nata kêlangkung duka | nimbali Martapura | sapraptanira ing ngayun | sang nata asru ngandika ||

46. lah Martapura dèn aglis |

--- [f. 413v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 77 dari 94

untapêna Martalaya | kang kinon tur sêmbah age | Ki Dipati Martapura | mangkat sawadyanira | datan kawarna ing ênu | sapraptanira ing jaba ||

47. Ki Martalaya kawarni | sêmana sampun miyarsa | yèn dinukan mring sang katong | sakèhe para lêlurah | pan sami tinimbalan | Lurah Surarakêt wolu | rongatus panêkarira ||

48. prapta sagêgamannèki | baris pêndhêm nèng pondhokan | Ki Martalaya dhuwunge | Kyai Kasur wastanira | mapan sampun dèn liga | ngisor kêlasa gènipun | tinindhihan sarya lênggah ||

49. sarta kêmul dodot kuning | warnanên Ki Martapura | mèh prapta wau lampahe | dhuwunge Ki Jakatuwa | ingkang badhe kinarya | wus umanjing pondhokipun | lajêng tumamèng mêndhapa ||

50. sarêng dènnya aningali | Martapura Martalaya | Ki Martapura wuwuse | anak tompia[165] timbalan | timbalane sang nata | manira kinèn amundhut | mati urip pêkênira ||

51. Ki Martalaya nauri | inggih sumăngga ing karsa | punapa kang dipun antos | sigra anarik curiga | Dipati Martapura | Ki Martalaya sinuduk | têrus lambunge kang kiwa ||

52. Martalaya malês aglis | ginoco Ki Martapura | sarêng dènnya pêjah uwor | wong Têgal kagyat tumingal | ningali gustinira | wong rongatus sarêng ngamuk | ing balane Martapura ||

53. wadya Jêpara nadhahi | arame ulêng-ulêngan | ya ta wontên ingkang nyapèh | mantri panuwa ing Têgal | kang wus têrus ing tingal | apênging ing kancanipun | dadya mundur bala Têgal ||

54. wus katur sri narapati | Martalaya sampun pêjah | antuk bela pêjah uwor | kalawan Ki Martapura | kagyat sri naranata |

--- [f. 414r][166] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 78 dari 94

kêlangkung dènira ngungun | pêjahe Ki Martapura ||

55. ya ta kangjêng sri bupati | èjêng[167] miyos sinewaka | pêpêk kang punggawa andhèr | tanapi ingkang santana | miwah para bupatya | kang mugèng ngarsa sang prabu | Kyana Patih Măndaraka ||

56. andika sri bupati |[168] lah Măndaraka Si Wijah | sun jujung ing palungguhe | ing Pathi sun paringêna | mêngko maring Si Wijah | lawan namaa Tumênggung | Mangunanêng ing Santênan ||

57. kalawan Si Jagapati | anake Si Martapura | ingku kang sun gêntèkake | alinggiha i Jêpara | lah padha èstoknêna | ingsun paringi jêjuluk | Tumênggung Sujanapura ||

58. anadene ing Têtêgil | kadange Si Martalaya | kang anom sun gantèkake | Si Ngabèi Agrayuda | lan sun paringi nama | iya jênênga Tumênggung | Rêksanêgara ing Têgal ||

59. pungga sami ngèstrèni |[169] ing karsane sri nalendra | sang prabu ngandika alon | Măndaraka undangêna | sakèhe wadyabala | dina Sênèn budhal isun | angrurah Si Trunajaya ||

60. si amral ingkang sun tuding | dhingin mêtua lautan | dene kang sun kanthèkake | Si Arya Anrangkusuma | kêlawan Ănggajaya | Ănggawăngsa aja kantun | sun tuduh milu si amral ||

61. sira kang sun pêrcayani | dadia karta wêdona | si amral lamun dudune | sira ingkang ngundurêna | măngsa bodhoa sira | pakèwuhe nèng dêlagung | apan sira kang wus wikan ||

62. sira anjoga [a...]

--- [f. 414v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 79 dari 94

[...njoga] Garêsik | lan ngongaka ing Madura | barisa Pulo Mêngare | banjura mring Surabaya | ingsun mêtu dharatan | menggok ing Tuban mangidul | ingkang anjog ing Mêmênang ||

63. têlas timbalan sang aji | amral sigra têtabean | lèngsèr sangking ngarsa katong | bupati samya tur sêmbah | kang tumut marang amral | budhal syarane gumuruh | ing lautan kadya gêrah ||

64. kocapa sri narapati | sampun anêmbang têngara | gumrah syarane ponang wong | kang samya nata gêgaman | baris para bupatya | pêpêk andhèr ngalun-alun | bandera awarna-warna ||

65. gêgaman tinon ngajrihi | kadya wukir kawêlagar | busanane wadya abyor | alir pendah binusanan | nêgari ing Jêpara | ya ta kangjêng sang aprabu | sampun angrasuk busana ||

66. angagêm Kiyai Gundhil | sêdaya ingkang wasiyat | sang nata busana kaot | miwah dhuwung Ki Bêlabar | sampun mugèng wangkingan | lawan waos Kiyai Baru |[170] ingampil tan kêna têbah ||

67. wus miyos sri narapati | bubar gêgaman pangarsa | kang minăngka panganjure | Ki Tumênggung Suranata | kumrab bala ing Dêmak | anulya Kyai Tumênggung | Rêksanêgara ing Têgal ||

68. gêgaman lir gunung gêni | prajurite datan têbah | rongatus Surarakête | têtilare ingkang raka | gêgaman ing Jêpara | ingkang nambungi ing pungkur | Tumênggung Sujanapura ||

--- [f. 415r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 80 dari 94

69. satus kang wadya Kumpêni | kang tinilar dening amral | kang rumêksa ing sang katong | kêkalih kapitanira | Mil kalayan Juspral |[171] agarêbêg[172] ing sang prabu | tambure muni brang-brangan ||

70. kumitir gumyari ati | Kya Dipati Măndaraka | ingkang mugèng wuri dhewe | wus prapta Kudus sêmana | karsa ngunjung sang nata | utusan mring Adilangu | animbali panêmbahan ||

71. Pangalasan kang tinuding | sigra lèngsèr sangking ngarsa | agêgancangan lampahe | datan kawarna ing marga | duta kalih wus prapta | padhêkahan Kadilangu | kapanggih lawan pandhita ||

72. panêmbahan dèn aturi | amagok-magok pinêksa | apan sangêt timbalane | kang putra sri naranata | dadya nurut ing karsa | wus prapta nêgari Kudus | Panêmbahan Natapraja ||

73. cumundhuk ngarsa nêrpati | panêmbahan atur salam | sang prabu pangandikane | mapan andika rongjonga[173] | inggih lampah kawula | pasthi wontên kaotipun | yèn paman tumut tumindak ||

74. datang sawalèng ing kapti | Panêmbahan Natapraja | ya ta wêrnanên lampahe | sangking ing Kudus wus budhal | umrêk kang wadyabala | gêgaman abra dinulu | abêlabar wêwingkingan ||

116. Pangkur

1. sigêgên sri naranata | kawarnaa wadyabala Kumpêni | kang lumampah samodra gung | Radèn Anrangkusuma [Anrang...]

--- [f. 415v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 81 dari 94

[...kusuma] | Ănggajaya Ănggawăngsa sampun kumpul | nugil palwa lawan amral | kang wadya anitih kèci ||

2. anèng lautan kawarna | lampahira baita angsal angin | katon ngujunging Sidayu | palwa maksih anglarap | ujungipun Madura ingkang jinujug | Pulo Mêngare wus prapta | kang palwa sami angranjing ||

3. sampun mêntas ing dharatan | uluk-uluk wau wadya Kumpêni | mriyêm syaraning jumêgur | kagèt wong ing Madura | apuyêngan wong Madura gègèripun | wong paminggir ciptanira | nagrine kinêpung dhingin ||

4. pan kacatur tigang dina | anèng Pulo Mêngare wong Kumpêni | sêmana pan sampun laju | dhatêng ing Surabaya | tan kawarna lampahira anèng laut | jajahane Surabaya | ing Ngampèl kang dèn barisi ||

5. kang têngga ing Surabaya | wong Madura Ki Dhangdhangwacanèki | pan sampun ngaturi wêruh | mring Prabu Trunajaya | binantonan Raja Galengsong lumaku | lan Tumênggung Darmayuda | wus prapta ing Surawèsthi ||

6. sarta ambêkta sanjata | mriyêm ingkang wasta Nyai Sêtomi | jarahan sangking Mêtarum | kinarya mapak yuda | amêlatar wong Madura barisipun | miwah wong măncanêgara | wadya Mêkasar nidhihi ||

7. ya ta wau kawarnaa | Ănggajaya sanake akèh prapti | mapan samya asêsuguh | kalayan awêwarta | lamun [la...]

--- [f. 416r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 82 dari 94

[...mun] Nyai Sêtomi binêkta mêthuk | kang sênjata babêrkatan | sangking nêgari Mêtawis ||

8. Ănggajaya Ănggawăngsa | sigra marêk Radèn Nrangkusumèki | angaturakên sêsuguh | lajêng panggih lan amral | langkung suka amral dènira andulu | ing sanake Ănggajaya | dene akathah kang prapti ||

9. lajêng samya pagunêman | kang rinêmbag namung Nyai Satami[174] | dene wasiyat Mêtarum | ginawa mapak yuda | sigra Kyai Ănggawăngsa saos atur | lamun sêmbada ing karsa | kawula ingkang malingi ||

10. andhusthaa kang sênjata | dhatêng pabarisan ing mangke latri | rahadyan amral jumurung | kalangkung sami suka | tan kawarna sêmana pan sampun surup | Ănggawăngsa wus lumampah | tanpa rewang lampahnèki ||

11. nulya prapta pabarisan | ing Madura wayahe têngah wêngi | amasang sasirêpipun | wong Sampang samya nendro |[175] Ănggawăngsa anjujug barisan agung | Nyai Satami punika | ingkang arsa dèn malingi ||

12. kapanggih pajok lor wetan | wong Madura akathah ingkang kêmit | angrêksa obat mimisipun |[176] anuli jinangkahan | ingkang kêmit sêdaya samya aturu | sawiji tan ana wikan | bêdhil pinangkul pribadi ||

13. wus mundur Ki

--- [f. 416v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 83 dari 94

Ănggawăngsa | sarwi mangkul wau Nyai Satami | prapta pamondhokanipun | wayah bangun raina | wus apanggih Radèn Nrangkusumèku |[177] atanapi tuwan amral | samya gagêtun kapati ||

14. andulu Ki Ănggawăngsa | sira amral asru dènira angling | luwih lawan jalma agung | Radèn Anrangkusuma | sigra tidak Kumpêni nulya anambur | gumêrah ing pasanggrahan | pan arsa angantêp jurit ||

15. nuju wayah bêdhug tiga | mêdal sangking pasanggrahaning rèki | amasang mariyêmipun | kontab baris Madura | walu sisih mariyêm sinumêt sampun | anglir pendah langit rêbah | syarane agêgêtrêri[178] ||

16. gègèr barising wong Sampang | apuyêngan dènnya katiban mimis | datan ngabêri kumrutuk | sigra nêmbang têngara | amêtoni wong Madura barisipun | Ki Tumênggung Darmayuda | mapan arsa amêtoni ||

17. sumahab[179] tandange bala | datan kobêr gènira nata baris | sangking drêse mimis agung | ya ta Ki Ănggawăngsa | anêrambul angobongi pondhokipun | wong Madura bilulungan | bingung tambuh kang dèn ungsi ||

18. angidul palayunira | datan wontên tahan katiban mimis | wong Pasuruan lumayu | Tumênggung Darmayuda | kaesisan ing wong Pasuruan larut | barise wong ing Madura | sêdya ngungsi ing Kadhiri ||

19. Raja Galengsong nèng wuntat | palayune sarya mandhêg [mandhê...]

--- [f. 417r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 84 dari 94

[...g] anolih | Kyai Darmayuda laju | Galengsong kawarnaa | panggih lawan Pangeran Tumampêl iku | Pangeran Tumampêl mojar | mring Raja Galengsong ririh ||

20. hèh adhi lamun sêmbada | dawêk nunggil lawan manira adhi | angabdi rajèng Matarum | Raja Galengsong nabda | inggih kakang benjing kawula anusul | warnanên Ki Darmayuda | prapta nagara Kadhiri ||

21. katur Prabu Trunajaya | lamun tiwas gènira mapak jurit | Darmayuda awêwadul | mila kasoran yuda | putra dalêm prabu anom rangu-rangu | gusti watawis kawula | putra tuwan malih kapti ||

22. sang prabu kalangkung duka | ingkang putra sigra kinèn nimbali | Raja Galengsong kapêthuk | anulya dhinawuhan | gih paduka anggèr tinimbalan gupuh | dening rama jêngandika | Raja Galengsong sira glis ||

23. prapta ngarsane kang rama | Prabu Trunajaya ngandika aris | lah bageya anak ingsun | kang putra atur sêmbah | sigra lajêng marang kêbon anèng pungkur | lan Tumênggung Darmayuda | Raja Galengsong umiring ||

24. prapta anèng pêpungkuran | rinakitan Galengsong dèn patèni | jisime binuwang sumur | pinasêk ingurugan | wong Makasar sawiji tan ana wêruh | kang para dhaèng sadaya | tan ana miyarsa warti ||

25. sigêgên Ki Trunajaya | kawarnaa kangjêng sri narapati | samarga-marga prang cucuh | lan bala ing Madura | mila rêmbên lampahira sang aprabu | lan malih pêpatihira | anèng marga nandhang sakit ||

26. Adipati Măndaraka | sakitira sangsaya angranuhi | tan antara pêjahipun | sang nata langkung tikbra | sampun prapta Kadhiri jajahanipun | sang nata amasanggrahan | ing Singkal gènnya abaris ||

27. gênti ingkang kawarnaa | wontên ajar ing Gunung [Gu...]

--- [f. 417v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 85 dari 94

[...nung] Kêlud nênggih | apêparab Tejalaku | cantrike kawan dasa | arsa mêthuk ing yudane sang aprabu | tumêdhak sangking aldaka | ingiring kang para cantrik ||

28. samya angagêm tarantang | sampun prapta ingiring-iring baris | nuju pamondhokanipun | Adipati Ngurawan | ting barêkik para cantrik samya ngamuk | lir cèlèng rêbutan wana | kagèt kang samya ningali ||

29. wadyabala Ngurawanan | wus akumpul prasamya anadhahi | campuhira kumarupyuk | cantrik pating jalêmpah | tinumbakan sawiji tan ana timbul | samya rêbah ting galobrah | tan ana tawa ing wêsi ||

30. mung kari Ki Tejalampah | malangkadhak binêdhil datan kêni | katur marang sang aprabu | yèn wontên ajar salah | Gunung Kêlud punika pinangkanipun | kang sinuhun angandika | ing mêngko ana ing ngêndi ||

31. ingsun pan karsa panggiha | lawan iku sêdyane sangking wukir | arêp katêmu lan ingsun | lumaku ingsun ruwat | sri narendra wus angasta Kyai Baru | miyos sangking pasanggrahan | ki ajar dèn parêpêki ||

32. wus parêk ayun-ayunan | lan sang nata Tejalaku marani | sakêlangkung sukanipun | sarwi acukakakan | sri narendra ngangsahakên Kyai Baru | kêna jajanira ajar | aniba nulya ngêmasi ||

33. nanging kuwandane musna | pan gêgêtun sakèhe kang ningali | sri naranata wus kondur | rawuh ing pasanggrahan | animbali Dipati Ngurawan gupuh | miwah Arya Sindurêja | Wirawidigda tan kari ||

34. karsane sri naranata | animbali amral mring Surawèsthi | kang dinuta nêmbah mundur | lampahe gêgancangan | siyang dalu kang putusan lampahipun | datan kawarna

--- [f. 418r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 86 dari 94

ing marga | prapta nagri Surawèsthi ||

35. apanggih kêlawan amral | sigra mujar wau kang duta kalih | manira ngutus sang prabu | amral sira ngandikan | saha wadya dening kangjêng sang aprabu | Rahadèn Anrangkusuma | saha wadya dèn timbali ||

36. Ănggajaya Ănggawăngsa | pakanira ingandikan ing gusti | lan mataha ingkang tunggu | nagara Surabaya | dyan têngara amral gumrudug kang tambur | Rahadyan Anrangkusuma | kang wadya sampun acawis ||

37. budhal sangking Surabaya | pan gumêrah syarane kang lumaris | wadya Kumpêni lir mêndhung | bandera warna-warna | wadya Anrangkusuman lumampah ngayun | gêgaman abra asinang | sangking nagara wus mijil ||

117. Mijil

1. apan sampun dungkap ing wanadri | lampahe anggolong | datan ana kaliru pêrnahe | sampun prapta ing jawi nagari | kunêng kang nèng margi | Wirasaba rawuh ||

2. dyan kapêthuk utusan nêrpati | mantri anom-anom | anginggalkên nênggih ing lampahe | tan kawarna ing marga wus prapti | jajahan Kadhiri | pambarisan agung ||

3. wusnya cundhuk lawan sri bupati | amral matur alon | mêsah dalêm kasoran jurite | lorok sangking nagri Surawèsthi | akêmbul mariki | kathah ingkang lampus ||

4. kagungan dalêm Nyai Sêtomi | sênjata kinaot | inggih dipun pandungi kenginge | dhatêng pun Ănggawăngsa ing latri | pinikul pribadi | duk pambêktanipun ||

5. langkung suka sang sri narapati | angandika alon | marma sira sun undang marene | dene musuh gêmbul mring Kadhiri | kalawan Si Patih | Măndaraka lampus ||

6. dene ingkang sun kon anggêntèni | amral karsaningong | paman Anrangkusuma sun gawe | anguyunana [a...]

--- [f. 418v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 87 dari 94

[...nguyunana] manusya Jawi | amral angèstrèni | ing karsa sang prabu ||

7. anadene Si Ănggawăngsèki | sun paringi lunggoh | Surabaya ingsun paringake | angaliha arane ing mangkin | padha angèstrèni | Jangrana Tumênggung ||

8. lah kadange Si Ănggajayèki | maksiha anèng jro | dene besuk ingsun pêrnahake | kunêng solahira sri bupati | prabu ing Kadhiri | nênggih kang winuwus ||

9. mapan[180] sampun ngaturan udani | yèn rawuh sang katong | saha bala nèng Singkal barise | miwah[181] ingkang sangking Surawèsthi | amral sampun prapti | anunggil sang prabu ||

10. langkung rakit tatane kang baris | tan kêna cinorok | Prabu Trunajaya timbalane | Darmayuda undhangêna aglis | sakèhe prajurit | myang wadyabala gung ||

11. lamun ingsun arsa mapak jurit | sagung wadyaningong | sun pratêlu besuk ing barise | Mangkuyuda anindhihi kori | kanan kang nindhihi | Darmayuda iku ||

12. pilihana kang wong bêcik-bêcik | kang yogya atanggon | dene[182] wadya Makasar barise | pêrnahêna ing ngarsa pribadi | yèn anglèwèng jurit | sosogên ing pungkur ||

13. dene ingkang sun pangku pribadi | wong Sampang nom-anom | pitung atus sasêliran kabèh | lan sun wuwuhi wong Talangpati | satus bêcik-bêcik | lan wong Danalawung ||

14. Surapati lan Danapati |[183] anèng wuriningong | atulunga yèn sayah kancane | wong Trunalanang jajare jurit | anèng ngarsa benjing | lan wong Trunalawung ||

15. wong Surarancak milu ing kapti | sakancane kang wong | Jodhipati ing wuri ênggène [êng...]

--- [f. 419r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 88 dari 94

[...gène] | ajajara wong Truna Tangingsir | bocah Anrangwèsthi | lan Truna Tankondur ||

16. Gulang-gulang sun gawe sawiwi | anèng kèriningong | Dulangmangap kang dadi sisihe | wong Brajamoka aja na têbih | wong Adrêmbapati | mèlua nèng pungkur ||

17. sigêgên ingkang angreka wèsthi | wuwusên sang katong | sinewaka ing wadyane andhèr | angandika sang sri narapati | sakèhing bupati | dèn prayitnèng kewuh ||

18. miwah sakèh kang para bupati | pasisir bang kulon | aja ana anglèwèng jurite | besuk Kêmis ingsun amiyosi | wadya awotsari | ature anuwun ||

19. angandika sang sri narapati | amral karsaningong | nuli ingsun wêkasi jurite | ing bêdhahe nêgara Kadhiri | amral matur aris | sumăngga sang prabu ||

20. ing ayuda samya dèn tamêni[184] | Kumpêni wus caos | sarêng injing nêmbang têngarane | gumêrah syara anata baris | Kumpêni arakit | atêngara tambur ||

21. awor syarane kêndhang gong bari[185] | gêgaman wus miyos | para bupati gênggêng barise | ambêlabar gêgaman ngajrihi | kang wadya Kumpêni | agamêng lir mêndhung ||

22. sakathahe kang para upêsir | busanane abyor | Bugis Mêkasar lawan Têrnete | miwah Ambon tandange ngajrihi | gêgaman Bêtawi | lir wukir katunu ||

23. kang minăngka pangawate kèri | pasisir bang kulon | pasisir bang wetan dadya sisihe |[186] mugèng dhadha kang wadya Kumpêni | punggawa Mêtawis | tan ana sêdya mundur |[187]|

118. Durma

1. kawarnaa Sang Prabu Trunajaya [Truna...]

--- [f. 419v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 89 dari 94

[...jaya] |[188] nêmbang têngara aglis | kang wadya sumahab | gêgaman warna-warna | tatane baris wus dadi | muntab mêlabar | anèng wetan bênawi ||

2. Trunajaya angadhangkrang pinayungan | kinubêng ing prajurit | wadya sasêliran | pinangku mugèng ngarsa | sèwu dhomas winitawis | busana abra | angagêm waos jinggring ||

3. kapurancak mamas binang wungu talya | ana bang ponthang kuning | ponthang liman aglar | puput lan tumpêr ingas | wênèh êmas ginarandim | cêmêng abang |[189] ana kang tumbak wilis ||

4. wadya Mêtaram gêlare tinon sumahab |[190] baris kilèn bênawi | wus ayun-ayunan | amral matur mring nata | yèn suwawi sri bupati | dipun sasaka | ingkang lèpèn puniki ||

5. langkung wiyar datan kêna sinabrangan | lêbêt santêr kang warih | sa nata ngandika | mring sagung wadyabala | agawea sasak aglis | ingkang prayoga | tumandang wong pasisir ||

6. Trunajaya sampun ngaturan uninga | yèn wadyane nêrpati | samya dandan sasak | suka Ki Trunajaya | sigra dènnya marêpêki | sawadyanira | anèng têpining warih ||

7. Prabu Trunajaya asru asêsumbar | hèh payo wong Mêtawis | dudu trah prawira | aprang ngêtosi[191] sasak | nora padha lawan mami | ratu digjaya | têdhak Jaran Panolih ||

8. pucukane wong Mêtaram yèn lêgia | nadyan bongkote dhimin | asêpêt kewala | nora si endah pelak | ratu têdhaking wong tani | angur macula | bari angona

--- [f. 420r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 90 dari 94

sapi ||

9. pirabara yèn padha lan Trunajaya | bèbèt Jaran Panolih | ratu kaduk sura | lah payo wong Mêtaram | padha angusia pati | sri naranata | sampun ngaturan uning ||

10. lamun Trunajaya asru sumbar-sumbar | anèng têpine warih | langkung dukanira | jaja bang winga-winga | kumêdud padoning lathi | nitih turăngga | karsa ngawaki jurit ||

11. Kyai Baru sampun ingagêm ing asta | turăngga dèn camêthi | sakèhe punggawa | samya malang ing karsa | angrakul padaning gusti | para bupatya | umatur sarwi nangis ||

12. adhuh gusti sampun nyalirani yuda | yèn maksih ingkang abdi | sanadyan mangsaha | yèn kang abdi wus têlas | lilih kang galih sang aji | asru ngandika | padha maguta jurit ||

13. atur sêmbah sakèhe para dipatya | samya nitih turanggi | anindhihi bala | Tumênggung Suranata | bêngawan dipun gabyuri[192] | sêntananira | tumut gêbyur ing kali ||

14. pan binendrong ing bêdhil dening wong Sampang | nanging mêksa anglangi | amral sabalanya | ambendrong sangking wutat | arang tutug ingkang mimis | tibèng ing têngah | olih batur pribadi ||

15. Ki Tumênggung Suranata sigra mêntas | amral dipun parani | cinandhak ingkang asta |[193] Suranata sru ngucap | pagene sira bêdhili | têka ing wutat | olih batur pribadi ||

16. angur sira dadia musuh masisan | aja tagung[194] ngêmbari | amral angrêrêpa | sun mintak ampunira | apan ingsun tan udani |

--- [f. 420v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 91 dari 94

yèn olih rowang | mungsuh sêdya sun bêdhil ||

17. Suranata nulya anitih ing kuda | wangsul agêbyur malih | saha wadyanira | nanging tan bisa mêntas | sakèhing para bupati | gêbyur sêdaya | kuda samya anglangi ||

18. wong Madura saragênine olih papan |[195] ambendrong sangking nginggil | sakèhing punggawa | tan ana bisa mêntas | ya ta kangjêng sri bupati | mulat ing wadya | duka yayah sinipi ||

19. Kyai Bicak tinêmbang muni angangkang | wus ngagêm Kyai Gundhil | nyamêthi turăngga | gêbyur sri naranata | kali plabuhan manyangking | ya ta sakala | kêna dipun sabrangi ||

20. palabuhan asat mèh ilang rong duman | toyanira akêdhik | wus kêna cinacak | têka pêpikul nyabrang | sêdaya bala Kumpêni | samya anyabrang | gumêr syarane jalmi ||

21. pra bupati sampun amêntas sêdaya | wong Sampang anadhahi | akuwêl prangira | Tumênggung Suranata | pangamuke kadi bêlis | numbak amêdhang | anuduk angakahi ||

22. pra bupati sêdaya angamuk rampak | wong Sampang anadhahi | pêngkuh barisira | anulya Kraèng Naba | sa-Kumpênine dèn irit | mingêr angiwa | anglambung sangking kèri ||

23. sêntanane Galengsong Dhaèng Marewa | lawan Dhaèng Makincing | awas dènnya mulat | marang Karaèng Naba | sadulure ingkang gusti | dadya lumajar | mawud tan măngga pulih ||

24. sampun rusak tataning baris Madura | ingamuk pra dipati |

--- [f. 421r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 92 dari 94

myang bala Wêlănda | tan anggop bêdhilira | wong Sampang dipun êdrèli | tan wontên tahan | miwah măncanêgari ||

25. Prabu Trunajaya angawaki yuda | sakèhing wong sinêlir | miwah pra sêntana | lawan pugawanira | samya ngamuk galong pipis | pan katadhahan | dening wadya Kumpêni ||

26. syaraning kang sênjata lir gêlap sasra | awor kêndhang gong bèri | myang pangriking kuda | awor tambur Wêlănda | lan pangadhuhing kang kanin | tanpa rêrongyan[196] | lir obah kang pratiwi ||

27. Ki Tumênggung Mangkuyuda ing Madura | angamuk ngawak-awik[197] | kang katrajang bubar | anulya katadhahan | dening punggawa Mêtawis | Ki Mangkuyuda | ing Kêdhu anadhahi ||

28. Mangkuyuda ing Kêdhu angêmbat watang | sigra amarêpêki | Mangkuyuda Sampang | tinumbak jajanira | trêrus walikate kèri | sampun palastra | Dhangdhangwêcana aglis ||

29. atêtulung mapan sampun katadhahan | mring anake kêkalih | Kêdhu Mangkuyuda | Ki Lêmbu lan Ki Buwang | kinêracok wong kêkalih | Dhangdhangwêcana | pan sampun angêmasi ||

30. bubar larut barise wong ing Madura | miwah măncanêgari | balêdug sasaran | tan amăngga puliha | ngungsi kitha ing Kadhiri | Ki Trunajaya | sampun atangkêp kari[198] ||

31. dyan ingêlut marang kang para dipatya | miwah wadya Kumpêni | gumrêgud tadangira |[199] prapta jawining kitha | lawange wus dèn inêbi | Ki Darmayuda | ingkang atêngga

--- [f. 421v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 93 dari 94

kari ||

32. Ki Tumênggung Mangkuyuda Kêdhu prapta | anèng jabaning kari | jinêjak saksana | lawang kari malêsat | ajur mumur babrak-babrik | Ki Darmayuda | pan sampun ngati-ati ||

33. Mangkuyuda jumangkah angêmbat watang | Darmayuda nadhahi | watange dèn ikal | rame tumbak-tinumbak | jro kari jabaning kari | anulya pasah | sarêng dènnya ngêmasi ||

34. Mangkuyuda pêjah sajawining lawang | Darmayuda ngêmasi | nèng sajroning lawang | ya ta para bupatya | sadaya manjing ing kari | sawadyanira | miwah bala Kumpêni ||

35. Trunajaya lalos lawan para garwa | angidul ngetan nênggih | marang Gunung Ngantang | ciptaning kang sinêdya | wadyanira winitawis | wong sasêliran | rongatus maksih ngiring ||

36. ênêngêna kocapa sri naranata | sampun ngaturan uning | yèn Ki Mangkuyuda | pêjah lan Darmayuda | langkung ngungun sri bupati | kunarpanira | pan sampun dèn bêciki ||

37. Trunajaya katur lalos saha wadya | ngidul ngetan mring Ardi | Ngantang kang sinêdya | sang nata langkung suka | sigra budhal sri bupati | manjing jro kitha | prapta dèn sêngkalani ||

38. jalma sirna angrasani wani ika |[200] bêdhahing Kêdhiri |[201] kangjêng sri nalendra | masanggrahan ing kitha | kêlawan wadya Kumpêni | para punggawa | myang bupati pasisir ||

39. kalih dina masanggrahan

--- [f. 422r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118): Citra 94 dari 94

anèng kitha | injing budhal sang aji | jujul Trunajaya | gumêrah ingkang wadya | datan kawarna ing margi | rawuh ing Payak | masanggrahan sang aji ||

40. anèng Payak sang prabu anata bala | kinèn angêpung ardi | Prabu Trunajaya | mêmpên luhuring arga | sela samya dèn cangcangi | yèn ingunggahan | tinatas gêlundhungi ||

41. gênge watu saêjun ana salumpang | wontên kang sakarambil | têkan tabonira | wênèh sagênuk ika | tan kêna dipun unggahi | amung satunggal | marga dhinandhang gêndhis ||

 


nèng. (kembali)
Kurang satu suku kata: myang sêntana pêpêk ingkang para mantri. (kembali)
kanjêng (dan di tempat lain). (kembali)
Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
Kurang satu suku kata: Kiyai Wăngsadipane. (kembali)
Kurang satu suku kata: sampun rawuh anèng Jêpara anênggih. (kembali)
Kurang satu suku kata: arsa bidhal dhumatêng Jêpara. (kembali)
Lebih satu suku kata: klawan Kaliwungu. (kembali)
kambil (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 44.34.9). (kembali)
10 Lebih satu suku kata: Prabu Madurêtna kêlangkung sih. (kembali)
11 warti. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: lan pasisir sadaya. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: sineba ing wadya gung. (kembali)
14 mungging (dan di tempat lain). (kembali)
15 Kurang satu suku kata: Pangeran Purubaya. (kembali)
16 Lebih satu suku kata: aglar anèng ngayunan. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: pangran dipati ngandika aris. (kembali)
18 pangran. (kembali)
19 Lebih satu suku kata: inggih lêrês punika kang warti. (kembali)
20 budine. (kembali)
21 Kurang dua suku kata: botên wontên ingkang jaya ing ajurit. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: yèn mangkatêna ingkang timbalan. (kembali)
23 gêgêtun. (kembali)
24 Lebih satu suku kata: swaraning wong kadya gêrah. (kembali)
25 gandera. (kembali)
26 lêlayu. (kembali)
27 Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
28 tiningalan. (kembali)
29 kinrubêng. (kembali)
30 Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
31 pracayaning. (kembali)
32 Lebih satu suku kata: ênêngna ing Surabaya. (kembali)
33 Kurang satu suku kata: sae papaning ajurit. (kembali)
34 Lebih satu suku kata: wong Madura prasamya aonclang lawung. (kembali)
35 karêngèng. (kembali)
36 Lebih satu suku kata: nêngah pêngamukira. (kembali)
37 Lebih satu suku kata: lawan wong dulangmangap. (kembali)
38 Kurang satu suku kata: pangamuke apan agagirisi. (kembali)
39 Kurang satu suku kata: kadya dhawuhan alarut. (kembali)
40 Kurang dua suku kata: Kangjêng Pangran Purubaya anênggih. (kembali)
41 Kurang satu suku kata: lêhêng gusti amundura rumiyin. (kembali)
42 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
43 jumênêng. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: sun tuturi besuk nagari Mêntarum. (kembali)
45 Kurang satu suku kata: rusake anglêliwati. (kembali)
46 Yyang. (kembali)
47 Lebih satu suku kata: muga-muga aja kongsi mênangi. (kembali)
48 Kurang satu suku kata: kudanira caosêna dèn aglis. (kembali)
49 Kurang satu suku kata: ingkang têrsna padha mèlua maringsun. (kembali)
50 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
51 sênajan. (kembali)
52 Lebih satu suku kata: wong Mêkasar kathah kang nandhang kanin. (kembali)
53 Purbayan (dan di tempat lain). (kembali)
54 Kurang satu suku kata: Trunajaya anêrajang angêlambung. (kembali)
55 anangkêbi. (kembali)
56 lumumpat. (kembali)
57 Lebih satu suku kata: dikjayane angliwati. (kembali)
58 binandhusa. (kembali)
59 Tanggal: lima (5) Saban (Rawuh) Dal: dahana cipta wisayane ratu (AJ 1583). Tanggal Masehi: 5 April 1661. Tanggal ini mengacu pada wafatnya Kangjêng Pangeran Purbaya, yang gugur di medan perang saat memimpin pasukan Mataram melawan serangan gabungan dari pasukan Madura dan Makassar. (kembali)
60 Kurang satu suku kata: senapati ing ayuda. (kembali)
61 pawèstri. (kembali)
62 Lebih satu suku kata: sigra budhal sawadyanya tan kari. (kembali)
63 Lebih satu suku kata: gênti kang kawarnaa. (kembali)
64 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
65 Kurang satu suku kata: wong ing desa asar-saran. (kembali)
66 Lebih satu suku kata: padhusunan ing Têmpalong namèki. (kembali)
67 Kurang satu suku kata: jinarahan binayong anak rabimu. (kembali)
68 lan. (kembali)
69 Mulai dari pupuh ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
70 Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
71 kapranggul. (kembali)
72 aranmu. (kembali)
73 bajang. (kembali)
74 tunggangi. (kembali)
75 Lebih satu suku kata: gêgaman warni-warni. (kembali)
76 Lebih satu suku kata: gègèr wong sanagari. (kembali)
77 Lebih satu suku kata: prasamya ngati-ati. (kembali)
78 Lebih satu suku kata: sakathahe wadya glis. (kembali)
79 Kurang satu suku kata: nèng ngalun-alun abaris. (kembali)
80 êbum. (kembali)
81 tiktak. (kembali)
82 Lebih satu suku kata: myang swarane sênjata. (kembali)
83 măngga. (kembali)
84 Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
85 Jagapati. (kembali)
86 babêntusi. (kembali)
87 Kurang satu suku kata: prajurit anglêlanangi. (kembali)
88 yayah. (kembali)
89 amêpak. (kembali)
90 lênglêng. (kembali)
91 amêlatar. (kembali)
92 Lebih satu suku kata: sampun saos sadandananing jurit. (kembali)
93 Lebih satu suku kata: tiningalan gêgirisi. (kembali)
94 angungkung (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
95 Kurang satu suku kata: suraking ambal-ambalan. (kembali)
96 arêrangkah. (kembali)
97 Kurang satu suku kata: wong Kajoran sadaya tan ana kantun. (kembali)
98 jêng. (kembali)
99 pasisir. (kembali)
100 sumrêk. (kembali)
101 Garompol. (kembali)
102 siniwaka. (kembali)
103 Kurang satu suku kata: apan sarwi sinulêdan. (kembali)
104 Kurang satu suku kata: wonge pan sami aminggat. (kembali)
105 Kurang satu suku kata: sigra wong Pajang amundur. (kembali)
106 têtunggulipun (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
107 Kurang satu suku kata: pangran têtiga. (kembali)
108 wong bumija. (kembali)
109 Pringgalaya. (kembali)
110 Mangkuyuda. (kembali)
111 nulya. (kembali)
112 Tanggal: Akat (Ngahad) astha (8) Sapar Êhe [sic.]: sirna nir obah bumi (AJ 1600). Tanggal Masehi: Senin 12 April 1677. Tahun AJ 1600 jatuh pada tahun Jawa Be dan bukan Êhe. Perbedaan satu hari (Ngahad vs Senin) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. Tanggal ini mengacu pada peristiwa pelarian Susuhunan Amangkurat I dari keraton Mataram pada malam hari, menyusul kerusuhan besar dan kehancuran istana Mataram. (kembali)
113 ngampingi. (kembali)
114 agurawalan. (kembali)
115 Lebih satu suku kata: ambajag jêjarahi. (kembali)
116 Lebih satu suku kata: tan kawarna ing marga. (kembali)
117 Kurang satu suku kata: ingsun tan kolu matèni. (kembali)
118 maring. (kembali)
119 Lebih satu suku kata: mring sira paman. (kembali)
120 Urutsèwu. (kembali)
121 Kurang satu suku kata: agêgancangan lampahe. (kembali)
122 sineba (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 20.10.6). Bandingkan: sinebaa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 87.21.6). (kembali)
123 jurungi. Bandingkan: nyondhongi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 20.10.8); ngrêmbagi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 87.21.8). (kembali)
124 Kurang satu suku kata. Bandingkan: Senapati Ingalaga (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 87.22.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 20.11.3). (kembali)
125 Bandingkan: wong Madura prajurite wus siyaga (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 87.27.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 20.16.9). (kembali)
126 Pagêlèn (dan di tempat lain). Bandingkan: Bagêlèn (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 20.28.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 87.40.9). (kembali)
127 akêmba. (kembali)
128 Kurang satu suku kata: akathah nora akimba kasrêngkara. (kembali)
129 Lebih satu suku kata. Bandingkan: ya ta sangêt wêwêlak nagari (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 100.1.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 50.1.1); pan akathah wêwêlêk dhatêngi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 88.1.1). (kembali)
130 Kurang satu suku kata. Bandingkan: wau Panêmbahan Ingalaga (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 88.3.2); sira Panêmbahan Ing Alaga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 100.3.2); sira Panêmbahan ing Ngalaga (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 50.3.2). (kembali)
131 Lebih dua suku kata: sae jumnênga ratu. Bandingkan: tuwan madêga ratu (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.7.4); agèr madêga ratu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 88.7.4). (kembali)
132 Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
133 mantuk (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.9.3). (kembali)
134 Kurang satu suku kata: sigra alèngsèr Sang Adipati. Bandingkan: Martalaya nêmbah matur aris (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.10.1). (kembali)
135 sawadyabalane. (kembali)
136 Lebih satu suku kata. Bandingkan: lampusing manah atêmah brangti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 100.4.1); lampus ing driya atêmah brangti (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 88.11.1); nglampus ing driya atêmah brangti (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.11.1); nglampus ing manah atêmah brangti (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 50.4.1). (kembali)
137 dhatêng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 100.4.8; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 88.11.8; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.11.8; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 50.4.8). (kembali)
138 manjing (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.15.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 88.15.3). (kembali)
139 winangking (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.18.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 88.18.5). (kembali)
140 Kurang satu suku kata. Bandingkan: Susunan Amangkurat (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.19.6); Jêng Susunan Mêngkurat (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 88.19.6). (kembali)
141 Lebih satu suku kata: wadya sampu ngèstokna. Bandingkan: samya rêmbag sadaya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 88.19.10). (kembali)
142 lampit (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.20.5). (kembali)
143 Kurang sati suku kata. Bandingkan: marang adipati ing Têtêgal (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 88.21.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.21.2). (kembali)
144 age. (kembali)
145 Sampang (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.23.8; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 88.23.8). (kembali)
146 Kumpêni (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.25.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 88.25.1). (kembali)
147 bantu. (kembali)
148 jendral (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.25.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 88.25.2). (kembali)
149 Wêlănda (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 88.25.6). Bandingkan: Walănda (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.25.6). (kembali)
150 Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
151 Lebih satu suku kata. Bandingkan: ikang kilèn atugur sadaya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 88.36.2); ingkang kilèn aseba sadaya (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.36.2). (kembali)
152 muktèkkên. (kembali)
153 Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang muktèkakên mring dika (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 88.44.8; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.44.8). (kembali)
154 wolung (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 22.3.2). (kembali)
155 Kurang satu suku kata. Bandingkan: praptèng ngêndon tanpa aji (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 22.12.7). (kembali)
156 kêkăndha. Bandingkan: kăndha (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 23.9.8; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 90.9.8). (kembali)
157 lawan (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 23.26.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 90.26.4). (kembali)
158 Anggris (dan di tempat lain). (kembali)
159 Kurang satu suku kata: ing laut datan winarni. Bandingkan: ing laut tan winarna | lampahe sri narapati (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 90.33.7–8; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 23.33.7–8). (kembali)
160 Kêdhiri. Bandingkan: Kadhiri (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 24.8.4.; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 91.8.4). (kembali)
161 saguh. Bandingkan: asanggup (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 24.29.6); sumanggup (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 91.29.6). (kembali)
162 nulya. (kembali)
163 Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong sakawan sarêng mangkat (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.24.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 92.24.2). (kembali)
164 mogok (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.43.3). (kembali)
165 tampia (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 92.50.4). Bandingkan: atămpaa ([Macapat]). (kembali)
166 Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
167 enjing (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.54.2). Bandingkan: enjang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 92.55.2). (kembali)
168 Kurang satu suku kata: angandika sri bupati. Bandingkan: sang nata ngandika aris (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 92.57.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.56.1). (kembali)
169 Kurang satu suku kata: punggawa sami ngèstrèni. (kembali)
170 Lebih satu suku kata. Bandingkan: lawan waos Kyai Baru (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.66.6); muwah waos Kyai Baru (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 92.67.6). (kembali)
171 Kurang satu suku kata. Bandingkan: Pilham kalawan Jusmral (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.69.5); Pilham kalawan Juspral (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 92.70.5). (kembali)
172 anggarêbêg (dan di tempat lain) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.69.6). (kembali)
173 rojonga (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 92.74.4). Bandingkan: rojongana (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.73.4). (kembali)
174 Satomi (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 93.9.2). Bandingkan: Sêtomi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.9.2). (kembali)
175 Biasanya guru lagu a: nendra (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 93.11.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.11.4). (kembali)
176 Lebih satu suku kata. Bandingkan: ngrêksa obat mimisipun (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.12.3); ngraksa obat mimisipun Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 93.12.3). (kembali)
177 Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus panggih lan Rahadèn Nrangkusumèku (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.13.5). (kembali)
178 anggêgêtêri (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.15.7). (kembali)
179 Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
180 Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
181 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
182 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
183 Kurang satu suku kata: Surapati lan wong Danapati. Bandingkan: Talangpati lan wong Danapati (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 94.14.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 27.14.1). (kembali)
184 têmêni. (kembali)
185 bèri. (kembali)
186 Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Mataram kang dadya kanane (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 94.22.3); wong Mataram kang dadya kanthine (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 27.21.3). (kembali)
187 Lebih satu suku kata. Bandingkan: tan sumêdya mundur (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 94.22.6); tan nêdya amundur (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 27.21.6). (kembali)
188 Kurang satu suku kata. Bandingkan: kawarnaa sira Prabu Trunajaya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 95.1.1); kawarnaa wau Prabu Trunajaya (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.1.1). (kembali)
189 Kurang satu suku kata. Bandingkan: cêmêng myang abang (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.3.6). (kembali)
190 Lebih satu suku kata: wadya Mêtaram glare tinon sumahab. Bandingkan: Sang Aprabu Mangkurat wadyanya blabar (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.4.1). (kembali)
191 ngêntosi. Bandingkan: ngêntèni (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.7.4); ngantèni (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 95.7.4). (kembali)
192 gêbyuri (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.13.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 95.13.5). (kembali)
193 Lebih satu suku kata. Bandingkan: cinandhak astanya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 95.15.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.15.3). (kembali)
194 tanggung (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.16.2). (kembali)
195 Lebih satu suku kata. Bandingkan: pan wong Sampang saragêni olèh papan (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.18.1). (kembali)
196 Bandingkan: parungyan (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.26.6). (kembali)
197 ngowak-awik. Bandingkan: ngowak-ngawik (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.27.2); Ngobat-abit (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 95.26.2). (kembali)
198 kori (dan di tempat lain) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.30.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 95.29.7). (kembali)
199 Lebih satu suku kata. Bandingkan: gumrêgut tandangnya (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.31.3). (kembali)
200 Tanggal: jalma sirna angrasani wani (AJ 1601). Tahun AJ 1601 jatuh antara tanggal Masehi: 23 Februari 1678 sampai dengan 11 Februari 1679. Lihat juga: Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 95.36.1; janma sirna obahe ingkang buwana (AJ 1601) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.38.1). Sangkala ini mengacu pada jatuhnya Kediri ke tangan pasukan Mataram dan VOC setelah pertempuran sengit, yang menyebabkan Trunajaya melarikan diri ke arah selatan-timur menuju Gunung Ngantang bersama pasukan dan keluarganya. (kembali)
201 Kurang satu suku kata. Bandingkan: bêdhahe ing Kadhiri (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 95.36.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.38.2). (kembali)