Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149)

Judul
Sambungan
1. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 001–009). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 010–023). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 024–040). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 041–050). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 051–055). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 056–070). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 071–087). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
8. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 088–103). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
9. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 104–118). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
10. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 119–130). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
11. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 131–136). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
12. Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 05-04-2025

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- [f. 517v lanjutan] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 1 dari 78

137. Pangkur

1. Radèn Sukra pinêlara | tinabokan pan sarwi dèn sumêdi | mata sinêsalan[1] sêmut | sêmut irêng kinarya | kêlosodan tobat-tobat tan tangisipun |[2]

--- [f. 518r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 2 dari 78

adhuh anggèr datan dosa | sampun kaningaya gusti ||

2. sinêmut malih netranya | Radèn Sukra anangis angrukêb siti |[3] sasampunira jinagur | pangeran nulya jêngkar | Radèn Sukra pan mêksih anèng ngêlurung | gêladrahan kalasaran | ponakawannya amarani |[4]|

3. ginedhong[5] Rahadèn Sukra | netra kalih mêrêm awêspa gêtih | wus prapta ing pasar agung | wongira Radèn Sukra | ting balêbêr prasamya amapag tandhu | wus tinadhu Radèn Sukra | awêlas prasamya ningali |[6]|

4. sapraptaning Kasindurjan | Radèn Arya Sindurja aningali | wus tinutur mulanipun | radèn patih sêkala | mulat maring suta lali gustinipun | sirate netra ngêtirah | jaja bang lir wora-wari ||

5. dene ta datanpa dosa | jêng pangeran sikara maring abdi | lipur maring garwanipun | pan sarwi ginendholan | lilih Radèn Sindurja dadya amuwus | kalangkung wêlas ing putra | wau rahadèn apatih ||

6. kang putra wus ingusadan | sapta latri waluya kadya uni | umatur ing ramanipun | kawula amit pêjah | sun amuke wong kadipatèn ing

--- [f. 518v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 3 dari 78

dalu | sun anglangi ganjur atap | arêramon pêdhang tamsir ||

7. kacatur Rahadèn Sukra | ngingu Bugis tatukon pitung dèsi | pan kajawi ramanipun | wonge tatukon kathah | Radèn Arya Sindurja ngandika sunu | adhuh anak ingsun nyawa | trapna mujadahe rèki ||

8. angrasaa yèn kawula | sakarsane linakon yèn kuwawi | sok aja tumêkèng lapus[7] | nadya silih pêjaha | lamun uga kabênêra[8] dosanipun | pan sampun bubuhane kawula |[9] tan kêna amilih pati ||

9. radèn supe ing batinnya | ing laire marang kang rama ajrih | saunadikaning kalbu | apa margane baya | lan Pangeran Dipati têmpuh ing lawung | gêntia tumbak-tinumbak | apan kaya gênti kêris ||

10. Radèn Sukra emut ing tyas | lampun[10] garwanira Pangran Dipati | gumisir ing dalêmipun | kinubon Kapugêran | sun jajale sun sanake garwanipun | mangkana andikanira | iya sun gawene margi ||

11. mangkana Rahadèn Sukra | animbali ing mongmongan kalih |[11] Singonada[12] namanipun | kang siji Pratrawisa[13] | praptèng ngarsa ban kalih binêktèng

--- [f. 519r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 4 dari 78

pungkur | maring dalêm gandhok wetan | pan samya dèn bêbisiki ||

12. hèh bapa rika wus wikan | ing wartane radèn ayu dipati | marmane kunubon[14] iku | ing Kapugêran |[15] Singanănda Patrawisa alon matur | inggih miyarsa kawula | ing warti têtiyang jawi ||

13. kawon dene wong papundhutan |[16] sangking Onje pinangkane pawèstri | inginggahkên garwa sampun | mila sang ayu linggar | dene mangke panggenane radèn ayu | masih ingewan i rama | dadya mugèng langonsari ||

14. wingi kawula sêsanjan | prasanakan kawula kang wêwarti | pun Jamarta wêstanipun | têtiyang Kapugrêran | malah sabên sontên radèn ayu |[17] pinarêk ing pêpanggungan | katingal sangking ing margi ||

15. kados anglêlipur brăngta | sangêt onêng wêtawis dhatêng laki | agrah kapit radèn ayu | ing roma tan sinopa | mila Kangjêng Pangran Pugrê dukèng sunu | pinrah anuli kundura | mring kadipatèn tumuli ||

16. hèh[18] bapa kêkambilana | kudaningsun kore ya Si Nirwati | kuda seta ulêsipun | anulya [a...]

--- [f. 519v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 5 dari 78

[...]

--- [f. 520r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 6 dari 78

[...nulya] kinambilan | rinaraban Nirwati baludru wungu | palisir cindhe puspita | suku pat pinanggung sami ||

17. nilawardi kang kinarya | buntut kuncung satugêl dèn nilani | gêgarudtan[19] èblèkipun | Radèn Sukra busona | golang-goling ijo wau nyampingipun | paningsêt jingga renda mas | akuluk cêmêng manitis ||

18. sadasa lêr rawisira | arja dhuwung sarungan pinêltuk wilis |[20] ukiran patra mas tatur | awêlik sumêrsana | yèn dinulu citrane tuhu abagus | solahe lamun sinawang | kadya putra Darawati ||

19. Radèn Sukra nulya mêdal | panakawan sadasa kang angiring | êmban kêkalih tan kantun | ing lêlurung wus prapta | Radèn Sukra anitih turăngga sampun | sirige kuda angipyah[21] | samarga-marga sêsirik ||

20. kang sinêdya Kapugêran | pungkurane kang sêdya pinaripit | banon patamananipun | kang êlèr pinggir marga | têtêrusan pinggir lèpèn marginipun | gantya ingkang kawarnaa | kang anèng ing langonsari ||

21. kang lagya ngewani raka | Radèn Ayu Lêmbah nèng langonsari | mêntas siram sang lir juruh | pan sampun kalih căndra | laminipun nèng Kapugêran sang ayu | atajin dhahar lan nendra | ka cahya saya dumêling ||

22. kadya wêwangun lêpihan | rêsak ingkang pasariran buh manis |

--- [f. 520v][22] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 7 dari 78

anglunging jaja anguwung | kadya layuning sêkar | netra balud dhahar sarene sinatur[23] | netra lir intên pinêcah | lir mirah intên inganggit ||

23. sangega[24] pradapa sêmpal | kadya kontal kanginan sang rêtna di | madyanira anglir putung | lir murca kêdhèpêna | kang wêdona sawang gêbyare sitèngsu | ping padbêlas karainan | piningid dening manipis ||

24. riyêm-riyêm asung brăngta | yèn angliring wanor[25] kêjêre ngalis | lir kilat thathit abarung | pantês dadya êla-êla |[26] yèn lumampah sandyah sarya mandul-mandul | akèh modèn banting gobang | kasmaran wingkising lathi ||

25. mangkana wau sang rêtna | apan lagya sinurèn ing dasih |[27] rema rawuh ing jêjêngku | lir mega Endrakila | dènnya lênggah sang ayu mugèng ing panggung | sinjange[28] cindhe kênanga | asamir jingga tinêpi ||

26. kagèt sang rêtna tumingal | wontên jalma nitih kuda sêsirig | lir badhaya kudanipun | maripit pagêr bata | kang angiring atêbih lawan sang bagus | sang rêtna alon ngandika | ragane ta sapa iki ||

27. bola-bali atêtêgar | ngetan ngulon angongak taman sari | lah wong ngêndi baya iku | sang rêtna nulya têdhak | sangking panggung kang êmban kalih umatur | manawi raka paduka | sampun age mudhun gusti ||

28. sang rêtna alon ngandika | dudu kangmas dene kang ngiring [ngi...]

--- [f. 521r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 8 dari 78

[...ring] kêdhik | măngsa apanglinga ingsun | iya maring kangêmas | nadyan silih nganggoa cara kumêndur | măngsa ta ingsun panglinga | wong iki nganyar-anyari ||

29. sang rêtna wus praptèng ngandhap | mundhut ăndha banon wus dèn andhani | minggah ing ăndha sang ayu | dhadha manglung ing bata | duk sêmana pukul lima wayahipun | kang sandhikala mèh prapta | kang surya wus sirat kuning ||

30. manglung ing bata sang rêtna | ngalèr ngilèn kang surya narowongi | wêdana katlorong mancur | Radèn Sukra amarak | apan sarêng gènira dulu-dinulu | anglir panjang putra tiba | ing sela kumêpyur sami ||

31. kalihe tanpê[29] jamuga | Radèn Sukra sinamur asêsirig | tumingal ing sang dyah ayu | ngadêk suraning nala | tan aetang pati amilanga tatu | lêbura kadi pratala | sangking sangête kang brangti ||

138. Asmaradana

1. êmbanira sang lir Ratih | atumut mènèk nèng ăndha | ingkang kinon atêtakon | hèh bagus manira tanya | ingutus mring sang rêtna | sintên wêwanginirèku | sumaur Rahadyan Sukra ||

2. pan ingsun sutaning patih | Sukra kalarean ingwang | Natadirja namaningong | anging dèrèng pati karan | maksih karan pun Sukra | sang rêtna ngandika asru | hèh kalingane Si Sukra ||

3. warnanira tuhu pêkik | nanging dêgsura ing tingkah | nora angeman baguse | yèn sira kadêngangana | iya marang kangêmas | pêsthi yèn tugêl gulumu | wong dêladag nora pêrnah ||

4. Radèn Sukra anauri | baguse măngsa karia | kêlawan Dipati Anom | wani atakêr ludira | nadyan dèn karubuta | sun sêdya akuthah marus | atandhinga ing ayuda ||

5. apan sêdya sun langèni | lêmbing busur lan gudebag | ganjure wong kadipatèn | sarwi anyabêd turăngga | kuda anyongklang wêdhar | kang

--- [f. 521v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 9 dari 78

tinilar kari mangu | gêgêtun sasolahira ||

6. mêdhun sangking banon aglis | sang rêtna alon ngandika | Si Sukra tuhu anglamong | baya kêna sèpi anyar | ewuh panduganingwang | apa ika wong akaul | êmbane kalih tur sêmbah ||

7. gusti kawula wêtawis | Radèn Sukra kadi kalap | andulu warna yu kaot | dhuh lae sintên-sintêna | kang mulat ing paduka | pêsthi prakakang-prakungkung[30] | yèn ta panggya dadya salah ||

8. mung Gusti Pangran Dipati | anggèr raka jêngandika | tuhu yèn wong anyarwètèh | andulu wong kadi dika | têka ya ewa-ewa | yèn ta sampuna wong agung | kalêbu wong gêgêmblungan ||

9. Radèn Sukra kang winarni | pan ora kongsi atêbah | cêngkelak wus bali manèh | turangganira anyungklang | prapta maripit bata | tiningalan tan kadulu | kang manglung munggèng lelehan ||

10. saksana anandêr mulih | anging sarira wus lupa | lampahira mandhêg mayong | amung kang manglung ing bata | gumantung ing wardaya | cumanthèl anèng pandulu | lampahe prapta dalêmnya ||

11. têdhak sangking ing turanggi | lajêng nibèng pasarean | Radèn Sukra anglêgorong | kasambêt asmara lila | tan ana kang kacipta | mung ayune sang dyah ing rum | kang tansah padoning netra ||

12. wayah sidhêm rare cili | awungu Rahadèn Sukra | nulya lêledhang mring kêbon | pan arsa anglipur brăngta | nuju tanggal ping sanga | mulat riyêming sitangsu | katon cahyane sang rêtna ||

13. angadhuh asambat mati | Radèn Sukra kadêbugan | dènnya pinarak sêsèndhèn | ing wite jambu drêsana | sarwi angura-ura | rêngêng-rêngêng ngidung-ngidung | tan ana kaciptèng driya ||

14. adhuh gustinipun wingi | kang dukani marang ingwang | gandrês tur luwês têmbunge | kaya ngalapana jiwa | pinasthi raganingwang | yèn durung ngabdi wong ayu | sida buyan karungrungan ||

15. kawula mirah tur pati | musthikaning Kapugêran |

--- [f. 522r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 10 dari 78

abdine tan kawawanggèr | anandhang rarasing driya | tan ana kang kacipta | mung nah anggèr radèn ayu | tansah gumarit wardaya ||

16. sapa ingkang ngusadani | abdine kawêlasarsa | jiwaningong kêmbang sore | awèh edan ing kawula | panu biru ing jaja | sun tohi wêwêdhak marus | tan ajrih kuthah ludira ||

17. ana wong têgar maripit | kusuma anèng panggungan | têka nuli mêdhun lorod | puspa cêmêng mungging têgal | baya asih wong ika | dhuh ratune arum-arum | ratu-ratune sasotya ||

18. dhangdhang wirang maskuwari | kang pêksi kinarya duta | manglong-manglong mikat bae | kêbo bang kanggon curiga | sênadyan dèn sapiha | kang abdi nuhun babêndu | kapindho jampi larangan ||

19. lir amanggih mas sawukir | tumingal ing warnanira | lir taru têrag jawuhe | mangke sinambramèng toya | raosing tyas abdyanta | lir mina amanggih ranu | gusti raosing kang manah ||

20. upamanira maswari | tunjung tuwuh ing lautan | rinêksa Walănda akèh | aluning bahni upama | prandene datan etang | sun anglangi samodra gung | arêramon ganjur watang ||

21. ulung wido măngsa sami | mati kalap ingsun dewa | ilèr ijo kang adhangkèl | kênthang-kênthang tan akrama | krangeyan munggèng têgal | anganti mas kang sinuhun | anata mata kawula ||

22. wus angrasa ingkang ati | tan wontên ingkang sayogya | amuputna ing tuwuhe | nanging gusti jêngandika | paringa tămba brăngta | sun karyane sangu lampus | alêbura ing yumana ||

23. êmbanira angulari | Praptawisa[31] Singanănda | wus kapanggih anèng kêbon | sendhehan jambu drêsana | êmban kalih tur sêmbah | anggèr paduka dèn emut | sampun anglanturkên karsa ||

24. anggèr emuta yèn abdi | gusti ing têrah mudita | pan pangeran ingkang darbe | kinarsakêna punapa | yèn gusti kang akarya | sanadyan dhatênga lampus |

--- [f. 522v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 11 dari 78

sayogya kang mêjahana ||

25. Rahadèn Sukra ambêkis | hèh bapa sira mênênga | apan sun labuhi dhewe | nadyan ginawea lesan | iya măngsa nyambata | ajura dèn kumur-kumur | ingsun dhewe kang nyandhanga ||

26. bapa sun arsa mêmaling | andhustha ing Kapugêran | ingsun anjujug kalangon | ênggone sang rêtnaning dyah | sun atur pêjah gêsang | marang gusti sang dewa yu | kang dukani wong têtêgar ||

27. sun lali-lali tan lali | sêsotya ing Kapugêran | katon mêlok wadanane | sêmut bang wêwungkusan |[32] kurang tamban sun mirah | gèn kawula kandhun rungrum | lae kawula tur pêjah ||

28. êmbane kalih anangis | anggèr sampun sapunika | dèn angeman sarirane | abdine pinêjahana | yèn tan kenging matura | dhuh anggèra atur pemut | Rahadèn Sukra amêksa ||

29. apan sampun nyandhak karbin | Radèn Sukra cêcawêtan | kargane dèn kalungake | ing wayah wus sirêp jalma | apan tanggal ping sanga | kang sintarêsmi[33] wus surup | mangkat mêdal bêbutulan ||

30. êmban kalih gêgendholi | Rahadèn Sukra amaksa | dadya samya ngiring bae | sigêgên kang lagya dhustha | warnanên sang lir rêtna | agunêm lan êmbanipun | ing gandhok gènira nindra ||

31. amung lêt banon sakêlir | lawan kêbon patamanan | ugyanira sang lir sinom | sang ayu mèngsêm ngandika | hèh biyang tan kayaa | Si Sukra tênaganipun | tuhu yèn wong anêmpuh byat ||

32. biyang sira ingsun tari | ingsun upama kewala | kang êmas Dipati Anom | apuwasa mring wak ingwang | upama sun lakia | kêlawan Si Sukra biyung | apa ta kalêbu nistha ||

33. tan prayogi dadi krami | pun Sukra lawan paduka [pa...]

--- [f. 523r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 12 dari 78

[...duka] | asangêt gusti turune | pun Sukra têtiyang rucah | nadyan silih bagusa | mênawi seda puniku | rakanta kangjêng pangeran ||

34. saingga mêkatên gusti | botên nistha bêbêtahan | amung pinêrih baguse | sanadyan anak wong sodra | nanging Radèn Sindurja | ing wêrti têdhak Majagung | warti rawat-rawat kathah ||

35. lamun[34] èstua kang wêwarti |[35] an[36] wijil waliyolah |[37] dede têrah wong mêcore | dene dhusu parimona | punika pan ganjaran | sayêkti wijil Mêjagung | Radèn Arya Sindurêja ||

36. rakanta Pangran Dipati | yèn mênggah sami alitnya | prakawis dene baguse | sayêkti măngsa karia | nanging kaot kusuma | yèn mênggaha sami cakipun |[38] kaot satangsul awratnya ||

37. sang[39] rêtna ngandika aris | ingsun laki lan Si Sukra | mindah ucap-ucapane | dêstun wus gêluring jaman | tan ana jalma kocap | ingkang ora-ora biyung | mindah ucaping nagara ||

38. umatur Enya Sulastri | rakanta kajêng pangeran | inggih punapa cacade | rahadèn ayu ngandika | sirige kakang êmas | ambêk panastèn kumingsun | lan adigung adiguna ||

39. rêmên sikara anyilib | siya-siya tur cugêtan | dadya angèl ladenane | upama mungguh aliya | gon ingsun palakrama | nora nganti pitung dalu |

--- [f. 523v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 13 dari 78

pasthi nulya apamitan ||

40. ing wayah wus lingsir wêngi | ya ta wau kawuwusa | kang dhustha wus ngrampid banon | sira wau Radèn Sukra | katiga êmbanira | tansèng wuri sang abagus | êmban ngaturi mundura ||

139. Durma

1. Singanănda Patrawisa atur sêmbah | dhuh gusti sang apêkik | langkung dene samar | ing tingkah jêngandika | dèrèng samadosan gusti | anulya mara | langkung nisthaning pati ||

2. bok inggiha mirib lampahe satriya | sampun kabêkta gusti | rama jêngandika | mumpuni sanêgara | prawira limpad tur wasis | nabyèng anyadra |[40] ing mungsuh sura sêkti ||

3. sainggane anggèr lampah jêngandika | ngambil mina jro warih | toya tuwas buthak | mina măngsa kenginga | lir satpada amrih sari | tunjung dèn rusak | sari mawur tan kêni ||

4. yèn kang jamak wong arêp dhustha asmara | margi jaruman dhingin | ambuwang ardana | êmas lawan sêlaka | punika marganing panggih | tuhu satriya | wignya andhusthèng rêsmi ||

5. Radèn Sukra [Su...]

--- [f. 524r][41] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 14 dari 78

[...kra] sumaur hèh bapa sira | nangis pisan iki |[42] lah bapa mênênga | ingsun tan akudu iya |[43] tumêkèng prana sang gati | nanging mulata | sakêdhap netra mama |[44]|

6. maring radèn ayu kang akarya raras | ing driya gusti mami | ingsun nuli pulang | kang asung larasmara | dhuh yangyang kusumasari | dewaning sêkar | mirah sun tohi pati ||

7. amapaga kusuma abdine prapta | mirah paringa kori | ulung wido dewa | tanêman kang raharja | mati kalap suma ari | yèn tanpa duka | mêngakakên kang kori ||

8. yangyang tilam juwita mugèng paprêman | tilam-tilaming sari | têpas-têpas tangan | sari-sari paprêman | aguling-guling pan sami | kalawan ingwang | miring marêp padha miring |[45]|

9. kurêb-kurêb kumurêb ika lumumah | ingsun kang angurêbi | sigra ngaras bata | sarwi dèn usap-usap | êmbane karo anangis | radèn emuta | sampun kadi wong baring ||

10. pan sakala anangis Rahadèn Sukra | karbin binanting-banting | karga wus binuwang | kewuhan marganira | rahadèn pikir jro ngati | asru ngandika | Singanănda dèn aglis ||

11. Singanănda uculana sabukingra[46] | cêlubêna ing kali | sun gawe rambatan | amènèk pagêr bota | sigra nguculan tumuli | bêngi yèn pêthak | dèn cêlubakêk[47] kali ||

12. dyan ingaturakên ing Rahadèn Sukra | sampun nguncalkên aglis | sanglêbête[48] bota | sinjang karakêt bota | apan sampun dèn rambati | ing wau sinjang |

--- [f. 524v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 15 dari 78

prapta dipun rambati ||

13. praptèng nginggil malorod anurut wastra | kuwat tan anguncati | wus prapta ing ngandhap | ban kalih têsèng jaba | langkung dènnya maras sami | kang kawarnaa | kang mlabèng[49] langonsari ||

14. dharadhasan maripit pinggiring bota | dhodhok ngingsor kuwèni | ya ta Radèn Sukra | amatêk lalimunan | pamrihe aja kaèksi | Rahadèn Sukra | sinambêr ing cêculik ||

15. têkêk tuhu aliwêran patamanan | prasamya anambêri | ya ta Radèn Sukra | datan miris ing driya | lir wong nginum dèn kaploki | mondhong badhaya | raosing ingkang galih ||

16. kawarnaa putra Kapugêran ika | samya langlang ing wêngi | dene kadingaryan | têtêkêk tuhu liwêran |[50] anambêri tamansari | ing ugyanira | wau ta sang lir suji ||

17. Radèn Ăntawirya Radèn Martatruna | asikêp pêdhang tamsir | Radèn Dipatruna | lan Radèn Wăngsatruna | samya dikik ladonsari[51] | sikêp talêmpak | wau rahadèn kalih ||

18. ingkang raka kalih sami sikêp pêdhang | sigra mring langonsari | rahadèn sakawan | kang raka munggèng ngarsa | Radèn Ăntawirya pêkik | pasêmonira | pantês sura ing wèsthi ||

19. Radèn Săngka Sadama nusul ing kakang | asikêp pêdhang tamsir | Radèn Ăntawirya | prapta ing langonsêkar | Radèn Sukra winarni |[52] miyat ing para | putra mring langonsari ||

20. mingsêr sangking

--- [f. 525r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 16 dari 78

pêrnahira radèn dhustha | anampar ron kuwèni | pra atmaja myarsa | syarane punang dhustha | sigra dènnya marêpêki | ingulap-ulap | wau rahadèn kalih ||

21. wus prayitna wau rahadèn kalya |[53] mirsa krèsèking jalmi | ya ta Radèn Sukra | sampun sira prayitna | radèn kalih marêpêki | Rahadèn Sukra | sigra wau nguncati ||

22. tinêrajang dening Radèn Ăntawirya | kang dhustha lumalya aglis |[54] kang pratmaja ngêpang | Radèn Sukra malumpat | ting barêkuh pra putra di | tan wontên opyak | nyalimpêt punang maling ||

23. Radèn[55] Ăntawirya Radèn Martatruna | ngandika mring pra ari | angambila padha | obor dipun katingal | pra ari lumalya aglis | praptèng mandhapa | kang saos dèn pundhuti ||

24. kang asaos gupuh arsa umiringa | radèn tan anglilani | sigra lampahira | pratmaja ri wus prapta | Rahadèn Sukra rambat ing | ing marganira | dilalah praptèng nginggil ||

25. katamporong ing obor anjog kewala | êmban kalih nadhahi | niba ing êmbanan | tangi sarêng lumajar | Rahadèn Ăntawiryèki | mulat ing dhustha | banon wus dèn lumpati ||

26. praptèng jaba jaba sira Radèn Ăntawirya |[56] asru dènira angling | hèh dhustha mandhêga | payo padha prawira | dudu prajurit sayêkti | wong ngêndi baya | langkung dènira gawèstri |[57]|

27. kang pra ari prasamya ing marmanira | anusul tan abangkit | dadya balèk kewala |[58] gumyah wong Kapugêran | pating balêbêr nututi | wong Kasindurjan | pan samya anadhahi ||

28. ing

--- [f. 525v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 17 dari 78

lêlurung obore kadi raina | tarap samya mêgati | wadya Kasindurjan | kagèt wau tumingal | Radèn Sukra kêmpis-kêmpis | graitèng ing tyas | radèn wus dèn alingi ||

29. Radèn Ăntawirya prapta gon wong kathah | wong Kasindurjan uning | marang sira radyan | wadya kèh samya mêdhak | atarap pinggiring margi | Dyan Ăntawirya | prasamya dèn aturi ||

30. adhuh anggèr paran wartane kang dhustha | radèn ngandika aris | marene parannya | wong kathah matur nêmbah | kawula anggèr ngadhangi | tan wontên lintang | manawi malêbèng warih |[59]|

31. Radèn Ăntawirya sampun ingaturan | kundur mring wadya nuli | ya ta kawuwusa | wau Rahadèn Sukra | prapta anibèng gêguling | saput ing driya | sangya angranuhi |[60]|

32. datan wontên katingal tuwin kacipta | mung sang rêtna di murti | katyèng Kapugêran | bisa karya la-êla | wadung pari tambang pêksi | nimas panduka | niaya angêduri[61] ||

33. lamun sira gusti aja andahweya | duk sun têtêgar wingi | măngsa kalakona | abdine kalayatan | pati-pati babêntusi | prandene sira | mirah tan anglabuhi ||

34. gêmpol ingkang linêmpit rêtna kusuma | mung sapêlèrèd wingi | panggih lan andika | mendah si yèn suwea | karya edan pitung latri | mirah andika | cuwo gombak mas gusti ||

35. sun kêkêbe ing benjang satêngah warsa | dhuh anggèr sun kauli | gendhong ngendhit putra | angandhut wêwêtêngan | anyambi anênusoni | babar rong wulan | mêtêng rong têngah sasi ||

36. dyan warnanên sampun tatas ing raina | Rahadèn Sukra nênggih | wus akarya surat | rêrêpi pitung pada |

--- [f. 526r][62] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 18 dari 78

tinêmbangakên pamijil | sambat wigêna | sira ta sang lir suji ||

37. anibali momongan wadon wus prapta | kang aran Nyai Gari | radèn angandika | biyung sira dèn bisa | ing karya sapisan iki | sun jaluk iya | pati uripirèki ||

38. anggolèk sira biyang prasanakan |[63] êmbane sang rêtna di | sotya Kapugêran | lapènên lawan arta | sêsotya sinjang ja kari | dêrapon iya | katura sêrat mami ||

39. Nyai Gari umatur dhatêng rahdyan |[64] inggih sandika gusti | nanging sangonana | pun biyung pitung reyal | kawula mring pasar gusti | angupadosa | enyane sang lir suji ||

40. pinaringan Êmban Gori pitung reyal | lorodan dèn paringi | nyampinge rahadyan | pan golang-galing sutra | lawan kakêmbên pêlangi | Ban Gori sigra | kang sêrat dèn tampani ||

41. sigra mentar êmban Gori lanthang-lanthang | praptèng pasar tumuli | jujug pawadean | wong adol bathik ayam | punika kang dèn parani | apan sadaya | wong Kapugêran iki ||

42. sakathahe wong kang adol bathik ayam | samya dèn têtakoni | ngiras nganyang-anyang | nuju kapasangyogya | bojone Tambakbayèki | kang anom ika | Êmban Gari bêbisik ||

43. Nyai Tambakbaya manira ngêrsaya | aturêna layang mami |[65] dhatêng sang lir rêtna | yèn katur layang iwang | pasthi manira opahi | dhuh dawêg uga | reyal nênêm puniki ||

44. Nyai Tambakbaya alon wuwusira |

--- [f. 526v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 19 dari 78

layang puniki nyai | lah layang punapa | lan kang akirim sapa | Êmban Gori anauri | srate Pangeran | Dipati Anom nênggih ||

140. Sinom

1. Êmban Gori sandinira | sêrate Pangran Dipati | kintaki sampun binakta | mring Nyai Tambakbayèki | reyal nênêm puniki | kang anggêlêkakên[66] laku | dhasar Ni Tambakbaya | kinawayuh marang laki | nora kanggo milanya mongmong sang rêtna ||

2. wus mulih Ni Tambakbaya | datan kawarna ing margi | praptèng dalêm langonsêkar | kawarnaa sang suputri | amakuwon ing bèji | ingkang apindha sitangsu | pan lagya sêsarean | sang rêtna mugèng ing kathil | cènthinira sakawan mugèng ing ngarsa ||

3. sang rêtna anganggit sêkar | cêmpaka biud[67] asri |[68] sinawang ingaras-aras | sang rêtna wêca aris |[69] sapa kang sun sêkari | si dhokah mati dimênthung[70] | prayayi ing Kanoman | bisa wèh rarasing ati | kaningaya kang adalêm kadipatyan ||

4. lêga-lêgane kang manah | yèn wus puwas kang Dipati | talake dèn paringêna | aja anasayèng[71] galih | agawe wigênaning | wardaya dipangan ngantu | ngandêlakên yèn putra | ngrat Jawa ingkang mêngkoni | yèn têgêse sapa wani randhaniwang ||

5. jêr ingsun atmajèng nata | iya sapa kumawani | maring têtambangan iwang | asikara sun arani | kang êmas Adipati | ngandêlakên yèn wong agung | ambêke kumawawa | akarya sikarèng galih | nora mirib mèmpêr yèn

--- [f. 527r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 20 dari 78

arabi kadang ||

6. lagya eca angandika | kagèt wau duk kang prapti | nênggih Nyai Tambakbaya | umarêk ngarsa sang putri | dhatêng ngaturkên tulis | kagèt sang rêtnane ngayu | hoh[72] iku layang apa | sapa ingkang akêkiram |[73] Nyai Tambakbaya matur sarwi nêmbah ||

7. wêcane gusti kang duta | inggih kang ambêkta tulis | pawèstri sampun atuwa | sêrate Pangran Dipati | pangakênipun gusti | sigra tinampanan gupuh | kintaki dyan binuka | amawi têmbang pamijil | rêrêpine apan muni Radèn Sukra ||

8. sang rêtna kagyat kang nala | pangandikanira aris | hoh biyang salah kang surat | dudu kangmas Adipati | sira kêna ing sandi | awad bae kang ingutus | dudu wong kadipatyan | lah bibi rungona[74] iki | nganggo têmbang pamijil sêrate uga ||

141. Mijil

1. kawula mirah ngaturi tulis | katur sang lir sinom | kumapurun agèr kawulane | marang gusti atur pati urip | dasihipun gusti | pun Sukra wilangun ||

2. marmilane gusti tur kintaki | dene nandhang wingrong[75] | gusti ingkang wadya[76] kawitane | duk kalane nêh anggèr dukani | duk dasihe uni | tatêgar mas ingsun ||

3. pan punika margane wèh wingit | nyandhang gêng wirangrong | datan arsa mulat ing dyah anggèr | amung gusti kang asawang sasi | paringa jêjampi | jêjampining wuyung ||

4. sasat mirah nguripakên pati | marasakên lamong | datan ajrih ing pati dasihe | rèhning gusti taksèng mawi krami | Pangeran Dipati | pan kawula purun ||

5. atatua karo bêlah sisih | tan gumisir tanggon | anglangia [anglang...]

--- [f. 527v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 21 dari 78

[...ia] ganjur kadipatèn | wus kasêdya gusti kris wor gêtih | lan Pangran Dipati | sanggoning kapangguh ||

6. kapanggiha ing rong awani |[77] prang luntur kêkayon | tuwin aprang dharat samodrane | wani aprang saluhuring wukir | anging sang lir Ratih | jampènana wuyung ||

7. tanpa nendra tanpa dhahar gusti | tan wontên lyan katon | mung dyah anggèr katon sasolahe | dhuh pralena kawula gusti |[78] titi srat kêkirim | wangsul sinomipun ||

142. Sinom

1. sang rêtna ngungun miyarsa | Si Sukra bosên aurip | eman têmên si dipongkrang | wong bagus kudu ngêmasi | nora tolèh ing gusti | lamun kasmaran maringsun | lah iya katon apa | si jênat kapati-pati | kawlasarsa si jênat pinangan buta ||

2. kang rêrêpi pitung pada | dinakok ngisor gêguling | sang rêtna lajêng anendra | Nibok Tambakbaya aglis | wus mêdal maring jawi | prapta pingggire lêlurung | Êmban Gori winarna | apan maksih angantosi | wus kapanggya lawan Nyai Tambakbaya ||

3. amuwus Ni Tambakbaya | si bibi anyalawadi | akarya sandi wisaya | amiguna ing piranti | mèsêm Ni Êmban Gori | ajê[79] paran wêrtanipun | ature kang kentaka | dhatêng sang rêtna di murti | lah ta mojar[80] sira Nyai Tambakbaya ||

4. inggih ta bibi wikana | datan suka datan runtik | anging kintaki punika | dinakok ngandhap gêguling | angling Ni Êmban Gori | yèn èstu arja ing laku | dika nyai panggiha | lan Radèn Sukra pribadi | pasthi lamun pinalungsur sinung arta ||

--- [f. 528r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 22 dari 78

5. lah dawêg sarêng kawula | Ni Tambakbaya tut wuwi[81] | gantya ingkang kawuwusa | wau kang manggung akingkin | Radèn Sukra anênggih | langkung dènnya ngayun-ayun | munggèng ing pêpungkuran | rêngêng-rêngêng arêrêpi | kang kinidung tan lyan ratuning kusuma ||

6. kêrangeyan munggèng têgal | lawas inggal ingsun anti | sêsulung kang mêdal enjang | galêpung pangusap rai | măngsa lipura gusti | yèn dèrèng akaron lulut | sêsotya Kapugêran | tangkil karang wadung pari | aniaya wong têtijo tan sinapa ||

7. adhuh anggèr kunir pita | kang jae munggèng wanadri | yèn tan panggiha mas dewa | kang ati apoyang-paying | gêdhah sinarawedi | datan wande rêmak rêmpu | kawratan nandhang brăngta | kang puspa cêmêng ing têgil | yèn tulusa sihira sasat suwarga ||

8. janur kuning saupama | yèn sun pupus awak mami | angrèkèl dudu sasama | pundi marganing kapanggih | apan andika gusti | musthikaning putri ayu | winêngku dene putra | tumirah putra kêkasih | baya paran yèn ingsun ngrabasèng sira ||

9. anging panyipta kawula | sangking sangênting kang brangti | sun tohi kuthah ludira | tan ajrih ing baya pati | widhung paman widuri | katon gêmuhing pambayun | dulu wong kinunjara [kinunja...]

--- [f. 528v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 23 dari 78

[...ra] | katon sinasayèng rêsmi | wong rinajap[82] katon bibinalangan kêmbang |[83]|

10. waru jêni[84] munggèng wona | satriya tilar nêgari | sun wêtara gawe susah | bibis ing saba tasik |[85] tan kêna sun unduri | pajadan[86] munggèng galugu | sanadyan kawêntara | tan gumingsir talang pati | nadyan silih mungsuh atmaja narendra ||

11. Radèn Sukra nulya niba | anèng pratala galinting | kaya ana sumandhinga | kang karya wignaning galih | jênggèlèk nulya tangi | sigra angrangkul wê[87] jambu | kinudang ingarasan | dhuh kusuma gèn sun ngabdi | anapaa ing abdine kapyasarsa ||

12. rahadèn emut sakala | ngungun sêbute dharidhit | dhuh Alah astagpirolah | sănggalangit munggèng bèji | tan bisa langgêng gusti | tontonên ing sang dyah ayu | sêsotya Kapugêran | wêntise lir mas sinangling | lurung-lurung atot kalih amêrdapa ||

13. wadêr gung kang mindha saga | akayangan suradadi | patrajana saupama | inggala pangarah mami | dudu lanang sayêkti | kênonga kang wani esuk | ajriha ing cêngkalak | dhuh kusuma ingkang abdi | atur pêjah tan kawawa năngga brăngta ||

14. mudur sangking pêpungkuran | rahadèn prapta ing panti | gagèt[88] wau duk tumingal | ing praptanira [prapta...]

--- [f. 529r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 24 dari 78

[...nira] Ban Gori | lawan ambêkta kanthi | rahadèn anyapa gupuh | biyang baya lih karya | Êmban Gori matur aris | gusti angsal nanging sasat botên angsal ||

15. anggèr angsale punika | dene katampan kang tulis | botên angsale bêndara | dene tan dipun angsuli | tan asuka tan runtik | inggih anggèr radèn ayu | Radèn Putra[89] ngandika | si bibi iku wong ngêndi | atur sêmbah Êmban Gori ing rahadyan ||

16. rabine Ki Tambakbaya | kang anèm punika gusti | kinawayuh dening priya | kasoran dènnya rêbat sih | dadya mongmongan gusti | dhatêng gusti radèn ayu | Radèn Sukra ngandika | ingsun rewangana bibi | sasat sira amayu kêramat bêjad ||

17. apan nulya pinaringan | wolung puluh reyal anggis[90] | lawan cindhe pitung lirang | sêmbagi lawawan pêtani |[91] rong kêbar bathik mori | salak sakêbar lan palung | pathawala sakêbar | salah ing rum udaragi | supe mirah pinaringan sakêmbaran ||

18. têkêl balung sakêmbaran | sêsêre satêngah tail | papon kacip pinaringan | cêpuk lawan têmpat sirih | bathok salaka putih | Ni Tambakbaya wotsantun | langkung marwatsuta |[92] tan anyana

--- [f. 529v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 25 dari 78

tan angimpi | lamun kathah pêparingira rahadyan ||

19. Radèn Sukra angandika | kayaparan duk ing nguni | kature kintakaningwang | lah sira tutura bibi | Ni Tambakbaya angling | duk kalane sêrat katur | winaos ing sang rêtna | rêspati têmbang pamijil | syara arum pinirsa lir dudut nyawa ||

20. sasampunnya maos surat | mèngsêm angusap waja rit | anulya punang kintaka | dinèkèk ngandhap gêguli[93] | sarwi ngandika aris | ngajak mati si dipênthung | pan amung sapunika | Radèn Sukra miyarsa ngling | nibèng kasur kumênyut raosing driya ||

21. mapan sarwi têrataban | warastranira ngulisik | krodha ancah lancingan |[94] Rahadèn Sukra kêpati | singa kang dèn tingali | pinindha rahadèn ayu | ningali Tambakbaya | aprasasat sang lir suji | Êmban Gori ngandikan dhatêng paprêman ||

22. Rahadèn Sukra anabda | kaya pa biyung puniki | dening laraningsun muntab | ngrungu wartane si bibi | kaya nêmahi pati | ing samêngko iki biyung | yèn nora saluluta | lan kang asung lara brangti | sapa biyung kang yogya pinindha-pindha ||

23. Êmban Gori aturira | pan paduka darbe sêlir | singa kang kinarsakêna [kinarsa...]

--- [f. 530r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 26 dari 78

[...kêna] | ginawe pêpindha dadi | Radèn Sukra nauri | pasthi nora mirib iku | yèn dudu wong ing kana | nadyan rupa nini-nini | lamun uga parêkane sang lir rêtna ||

24. biyung bibi Tambakbaya | konên marene dèn aglis | saksana sira ingundang | lah bibi dika mariki | kula mêksa sajati | sampun wontên ingkang ngrungu | Ni Tambakbaya mara | nalanira sênag-sênig | maras-maras galihe lir guladrawa ||

143. Dhandhanggula

1. pratandhane wau sang apêkik | Nyai Gori kinèn mring pungkuran | sawiyah-wiyah awade | radèn ngandika arum | bêbi[95] dipun kaparèng ngriki | manira yun mamêkas | marang radèn ayu | radèn mêling punapa |[96] pan kapirsa ing ngriku lawan ing ngriki | punapa kang ingucap ||

2. Radèn Sukra tan drana ing galih | pan cinandhak wau astanira | Nyai Tambakbaya age | dhuh radèn sampun-sampun | jêngandika karya punapi | pun bibi sampun tuwa | tan sae dinulu | rahadèn alon ngandika | sira bibi dadia wakile gusti | sun pindha sang kusuma ||

3. Nyai Tambakbaya matur aris | adhuh radèn bok sampun wong tuwa | ginawe rêrampon radèn | lan malih bok ing dalu | siyang-siyang tan pênêd gusti | akathah sru uninga |

--- [f. 530v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 27 dari 78

ni enya rinangkul | tan kêna sinasambatan | rinarêpa ingaras ingarih-arih | dêrwili sambatira ||

4. radèn liwung tan angrasa ngaksi | lamun iku Nyai Tambakbaya | pan wus kalap têtêgêgse[97] | setan angriwut-riwut | mila radèn supe kêpati | wus malih ing pandulyan | pindha-pindhanipun | ingaras-aras anyêngkah | priyêmboda rahadèn angarih-arih | dhuh sutèng Kapugêran ||

5. awlasana dasihira gusti | gunung alit sakilèn samodra | baya iki wus wijile | barêngkêke kêlangkung | dasihira awuwus runtik | dhuh wilutamèng tilam | anuwun bêbêndu | atêmbung tadhah mastaka | yangyang tilam dhuh dewa kusuma ma adi |[98] sari gambira laya ||

6. dyan ingêmban sang dyah pongah-pangih | mèngsêm-mèngsêm Nyai Tambakbaya | kacaryan mulat baguse | lan wasising pangrungrum | ajiwiti calêkat-clêkit | dhuh radèn udhunênêna |[99] kawula yun nguyuh | sang kakung aris ngandika | asênia ing êmbanan bae gusti | kang asawang kartika ||

7. kang asawang sumarsana rukmi | apêngawak intên rêtna mulya | botlorêna cêpakane | radèn angidung-ngidung | ing srênggaranira kêkawin | sardu [sar...]

--- [f. 531r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 28 dari 78

[...du] lawan sardana | syara layung-layung | wêgang lan găndakusuma | Nyai Tambak sinjange lukar pribadi | samire kuleweran ||

8. sinarèkkên anèng kasur sari | lêsu lupa ingkang pasariran | sampun tinitih wêntise | warastranira tumanduk |[100] wus atadhah pasang pribadi | campuh wau kang yuda | rame jinêm arum | radèn widakdyèng asmara | Nyai Tambakbaya sukane tan sipi | kapanggih kakung mudha ||

9. datan arsa wus jênak ing kapti | tuhu jênak Nyai Tambakbaya | angêsês akèh polahe | mangsane ganti campuh | sira radèn wus angluwari | têdhak sangking ing tilam | wau kalihipun | sasampunira sêsotya | wus alungguh sajawine tilam sari | pawongan samya prapta ||

10. Radèn Sukra akarya kintaki | yèn linilan marêk ing ujana | yèn wontêna timbalane | punang sêrat wus sinung | lawan wêlingira wus ênting | mring Nyai Tambakbaya | sêmona wus mêtu | sangking dalême rahadyan | pan sinigêg jaruman gantya winarni | Pangeran Adipatya ||

11. wontên kapêrnah pamane rèki | marang Kangjêng Pangeran Dipatya | Ratu Kulon sadhèrèke | sinung aran sang prabu |

--- [f. 531v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 29 dari 78

Radèn Arya Tiron puniki | Radèn Tiron sêmona | marêk sang abagus | angaturakên pawarta | Kasindurjan uwite ingkang pawarti | anênggih dhadhêmitan ||

12. Radèn Arya Tiron matur aris | nahing anggèr anrinta[101] sang rêtna | mangke culika tindake | pun Sukra lawanipun | sring amawas ing tilam sari | malah wus kawênangan | arinta sadarum | atuju lêpat pun Sukra | mangkya gusti kang jaruman wira-wiri | urug wastra kalpika ||

13. kang minăngka jaruman sayêkti | rabinipun anèngm Tambakbaya | kapita pangran galihe | sarêng mirsa turipun | sangking radèn dera anênggih | sorot netra ngatirah | muka sumung-sumung | kumêdut padoning latha[102] | jajanira sumirat lir wora-wari | idêp mangada-ada ||

14. pangandikanira asru bêngis | supe lamun putrane narendra | angudhangi ing wadyane | arsa angrurah gupuh | dening Sukra ing jurit pinrih | Radèn Tiron tur sêmbah | sangêt aturipun | tuwin Soda myang Udawa | gusti sampun yèn kenging kula aturi | sampun dhatêngkên duka ||

15. langkung nistha yèn kajarwèng alit | yèn suwawi akintuna sêrat | dhatêng paman ta nah anggèr | saliring tingkahipun | radèn ayu kawrat ing tulis | pangeran lêga ing tyas | dadya ngandika rum | timbalana adhimas |[103]

--- [f. 532ar] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 30 dari 78

Radèn Suryakusuma kang kinon mijil | lampahe gêgancangan ||

16. tan adangu kang ngandikan prapti | Radèn Suryakusuma[104] anêmbah | pangeran anurat age | dadya nawalanipun | pinaringkên marang kang rayi | lah iki aturêna | ing paman dèn gupuh | saksana radèn umangkat | radyan nêmbah sigra mangkat | sangking ngarsanira Pangeran Dipati | gantya kang kawuwusa ||[105]

17. Nyai Tambakbaya sampun prapti | anèng gupit dalêm langonsêkar | tumamèng ngarsa gustine | nêmbah kintaka katur | angandika sang kadi Ratih | lah iki biyang sapa | kang awèh maringsun | dene awanti kang sêrat | kang liningan umatur tunggil rumiyin | inggih sangking pun Sukra ||

18. langkung wêlas kawula ningali | kala wau kawula lêledhang | kapanggih lêlurung gêdhe | dhadhok sarwi kêkudhung | amba lintang dipun takèni | dupi ngakên kawula | yèn abdi sang ayu | kula nuntên tinangisan | apitakèn jêjampine agring kingkin | kawula dèn bêbona ||

19. kinèn mêndhêt gantène sang dèwi | ingkang sampun munggèng pakêcohan | kula kinèn ngambilanke | tinumbas sangang suku | kinèn antuk layoning sari | tinumbas niga têngah | ing sasêlènipun | têmbungipun Radèn Sukra | yèn wontêna [wontê...]

--- [f. 532av] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 31 dari 78

[...na] irib-iribe ing jawi | supados yèn lênglênga ||

20. yèn wontêna kang mirib sathithik | lathi-lathine bae miriba | lawan sang rêtna widure | pasthi ta[106] nandhang wuyung | angupados kawula bibi | ing ipèn tan umiyat | kang kadi sang ayu | upami dika angsala | gêpokêna ing sampehane sathithik | dadya pamurung pêjah ||

21. upamane awak ingsun bibi | yèn mungguha tatu kanèng[107] tumbak | timah-tumimah warase | nuli liyan kang nyatu | pêsthi kumat ambabrak malih | tatune pitung cêngkang | jitahe pitung jun | radèn ayu kang nyatua | mung rong kesuk kari samataning pitik | sadina lêkas waras ||

22. pan mêkatên tangisipun gusti | ibu rama tan wontên kacipta | siyang dalu mung nah anggèr | wus kirang pangan turu | cahya anglong wênês rêspati | lir layoning wanodya | tuhu yèn binagus | yèn mèngsêm kêjêr locona[108] | yèn ringgita gusti putra Darawati | bêranyak katuluran[109] ||

23. lawan Gusti Pangeran Dipati | yèn mênggaha sasamining sama | gusti pan dede larape | kêncèt arda tur lêngus | anyalunthang sasolahnèki | abdi dalêm pun Sukra | gusti bagus tulus | jêmbar budine punika | yèn supami kalampahana angabdi | dhatêng kusumaning dyah ||

24. sakathahe rayi dalêm gusti | pan [pa...]

--- [f. 532r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 32 dari 78

[...n] pinangku dening Radèn Sukra | baris ing Tarayêm anggèr | wong Kêdhu lan Mêtarum | wong Pagêlèn kinait sami | binêkta rêbat pura | lumêksanèng pungkur | angrurah ing Kartasura | yèn akanthi sadaya kang rayi-rayi | jagat wus munggèng asta ||

25. Radèn Sukra wadyanipun Bugis | pun Rusansah adêlipun yuda | pitung puluh panêkare | kajawi ramanipun | kalih atus wadyane Bugis | pun Sukra apratignya | sedaa sang prabu | rakanta kangjêng pangeran | jumênênga nata pun Sukra tan sudi | ngawula atur sambah[110] ||

26. ya ta gumujêng sang mindha Ratih | nora jamak atine Si Sukra | sagunung Lawu gêdhedhene |[111] pêksa mondhong maringsun | apa kêlar amangkul bêdhil | mriyêm Si Păncawora | lan yèn kêlar jabud | wringin kêmbar Kartasura | yèn bêdhola kinarya têtukon bêbenjing |[112] pasthi ragèngsun arsa ||

27. yèn dadia pikire si baring | kaya pantês rewangona gêndra | yèn sêmboda lan baguse | gantya ingkang winuwus | Radèn Suryakusuma prapti | ngarsane ingkang rama | mangusapi lêbu | kang rama munggèng pamrêman | punang sêrat wus ingaturakên aglis | tinampan dening rama ||

28. tinupiksa têmbunge kang tulis | sêrat sangking Pangeran Dipatya | putranta atur sêmbahe | kaatura puniku [pu...]

--- [f. 532v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 33 dari 78

[...niku] | kangjêng paman ingkang pinuji | mahambêk sănta boja | palamartèng wadu | kang pinudyèng kulawarga | wiyosipun kawula atur upaksi | jêng paman ing sampeyan ||

29. aprakawis putranta sang ari | adhi ajêng madadyèng ing karsa | tuhu culika tindake | pun Sukra lawanipun | saha sampun muru[113] wêwastra di |[114] myang kintun-kinintunan | awanti sratipun | titi panukmaning surat | jêng pangeran kang jaja lir wora-wari | ngatirah pasuryannya ||

30. pan kumêdut padoning kang lathi | para putra ngandikan sadaya | prapta adhèr ing ngarsane | pangran ngandika arum | hèh Sudira undangên aglis | kakangira Ni Lêmbah | kang kinon wotsantun | Rahadèn Suryakusuma | sampun prapta ing dalêm kalangonsari | panggih lawan kang raka ||

31. radèn ayu anapa ing ari | babo radèn ana gawenira | kang rayi alon ature | inggih ulun ingutus | dening rama kinèn nimbali | kang êmbok ing sampeyan | sang dyah ngandika rum | dhimas linggiha sadhela | kangên têmên mring sira lan arsa warti | duk mau ingsun nedra ||

32. pracekanên dhimas ipèn mami | sira ingkang wasis ing sasmita | sun takon mring enya kabèh | tan ana [a...]

--- [f. 533r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 34 dari 78

[...na] ingkang nêmu | ipènira Kangmas Dipati | katingal jro supêna | gawe larèn agung | jêrone sapuluh cêngkal | ing jro toya iline buthêk aputih | katingal kangjêng rama ||

33. lawan kabèh ari-ari mami | padha dulu larèn ajêmbar |[115] padha ngadêg ing pinggire | rama nuli amuwus | sira kinon jogkakên mami | lan dhimas Ăntawirya | ingsun mas kalêbu | lan si bibi Tambakbaya | prapta ing jro banyune tan ana kari | mung sêmut ingkang ana ||

34. ingsun dhimas kagèt nuli tangi | mara yayi sira pradikaa | kang rayi alon ature | botên kadugèng sêmu | langkung angèl impèn puniki | kang nginggalalakên prapta |[116] sigra radèn ayu | umarêk ing ramanira | sampun prapta ing ngarsa saha tur bêkti | kang rama angandika ||

35. babo sira sutèng ulun nini | sira uga alaki bêndara | yèn ala sandhangên dhewe | aja gêgawa mringsun | tuwin ari-arinta nini | pan sira yu utama | ing praja pinunjul | anging ta kagèt ing priya | pan wong agung nora kêna dèn badhoni[117] | tan kêna waonana ||

36. Radèn Antawirya wus winêling | dening rama yèn prapta kang raka | kinèn ngulari tilame | radèn pan sampun rawuh | pasarean dipun ulati |

--- [f. 533v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 35 dari 78

gêguling binalingkrah | rarêpi katêmu | dening Radèn Ăntawirya | Nyai Tambakbaya sampun dèn ampiri | tan kêna lunga-lunga ||

37. Radèn Ăntawirya marêk aglis | sampun prapta ngarsane kang rama | jêng pangeran lon dêlinge | nini muliha gupuh | ingkang putra lèngsèr wotsari | kumêmbêng waspanira | nèng marga kasandhung | sapraptanira ing tilam | enyanira umatur aris |[118] yèn rêrêpi kapanggya ||

38. arinta radèn ingkang ngulari | sang kusuma gumyur ing wardaya | angrungkêbi gêgulinge | gantya kang rama wau | kang rêrêpèn dipun tingali | pan wus kadugèng driya | muka sumung-sumung | asru dènira ngandika | baya uwus karsaning Yyang Maha Luwih | sun lingsêm anggèr putra ||

39. hèh Sudira wêkasana aglis | untapêna wau kakangira | matia sadina kiye | lan Si Tambakbayèku | wasisakna sadina iki | Radèn Suryakusuma | langkung wiyang kalbu | radèn tur sêmbah lumampah | pratmaja ri sadaya samya umiring | ing raka mring lêlangyan ||

40. para garwa sadaya nungkêmi | radèn ayu sêpuh myang taruna | samya malangi karsane | suka nanggulang lampus | anging raka tan kêna kokih | dadya samya karuna | para garwanipun | jêng pangeran angandika | aja sira ngrêrubêdi pikir mami | măngsa kêna kagiwang ||

41. wadya wêlas atêmahan lalis | yèn sun rasa awèta nèng

--- [f. 534r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 36 dari 78

donya | angakèhkên durakane | yèn kukum donya iku | ing akerat dosane kêdhik | ya ta kangjêng pangeran | ing panêpèn sampun | pra garwa mêksih karuna | gantya ingkang kawuwusa para siwi | wus prapta langonsêkar ||

42. ingkang raka kagèt ari prapti | angandika babo ariningwang | padha linggiha ing kene | Radèn Sudira matur | kakang êmbok dinuta mami | dene ing kangjêng rama | pan kinèn amundhut | ing pêjah gêsang sampeyan | sang rêtna di kumêmbêng wêspanya mijil | wuwuse pêgat-pêgat ||

43. kang prapmaja[119] samya dèn rungkêbi | dening para êmban inya-enya[120] | lara-lara sêsambate | Ni Tambakbaya wau | mapan sampun dipun talèni | tangis umyang gumêrah | kang ibu wus rawuh | umyung gumulung karuna | wadya alit Kapugêran kagèt sami | wus andhèr ing pasohan ||

44. nanging regole sampun kinun-kinunci |[121] datan kêna kang wong malêbua | wêrnanên wau tangise | êmban myang para ibu | radèn ayu ngandika aris | paran gon ingsun minggah | iya raganingsun | yèn karsane kangjêng rama | nora ngango catur pariksa rumiyin | anggugu kakang êmas ||

45. aturêna sêmbah ingsun yayi | galap ganggul[122] ingsun marang rama | Radèn Antawirya age | marêk ing rama sampun |

--- [f. 534v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 37 dari 78

praptèng ngarsa rama ngabêkti | katur ing rakanira | sang dyah ayu |[123] kang rama alon ngandika | hèh dèn inggal ja wêlas daging-adaging | aja kasmaran kadang ||

144. Asmaradana

1. yèn Si Sudira upami | tuwin kakang-kakangira | yèn padha mandhêg tumolèh | sun upatani sadaya | iku wangun tan pêna | Radèn Antawirya wau | lèngsèr sangking arsa rama ||

2. wus prapta ing langonsari | rahadèn matur ing raka | kangjêng rama timbalane | yèn gigua sinupatan | pra ibu enya mirsa | anglut ing tangis gumuruh | sang rêtna alon ngandika ||

3. yayi mas antinên dhimin | ingsun arsa akêramas | sang rêtna yu timbalane | biyang anggawea lăndha | sigra sang rêtna têdhak | kuramas lan enyanipun | sasampunira kuramas ||

4. agêgănda marbuk minging | kang kênaka rinampungan | wus nyêlongi ing citrane | wênês ijo sirat-sirat | ingkang pra ibu samya | sinapihan kinèn mêtu | sangking gupit lêlangênan ||

5. êmban enya dèn undangi | sangking akangên sadaya | kinèn mêdal sakancane | amung kantun Tambakbaya | pra ibu pra enya |[124] prasamya nèng jawi pintu | ya ta kang para atmaja ||

6. Rahadèn Sudira aglis | anyandhak cindhe kênonga | ingkang kinarya anglawe |

--- [f. 535r][125] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 38 dari 78

sigra cinandhak kang raka | astane siji sowang | pratmaja samya wêtu luh | kapêksa ajrih ing rama ||

7. Radèn Săngka Sudamèki | anyêkêl Ni Tambakbaya | Radèn Dipatarunane | lan Radèn Wăngsataruna | gèmèli ingkang raka | lawan asta kananipun | kang kiwa ngusapi waspa ||

8. sang rêtna ngandika aris | adhiku kalumukêna[126] | Si Săngka Sudama age | kabèh padha dèn aparak | tingalana sun iya | wêkasane atatêmu | lan yayi-yayi sêdaya ||

9. sang rêna[127] wêspane mijil | ningali ari sêdaya | asêrêt pangandikane | wus yayi padha karia | sun amit maring sira | muga-muga raganisun | antuka marga sampurna ||

10. sang rêna kukub pribadi | sandyah anglungakên jăngga | cindhe wus tinalèkake | kiwa Radèn Ăntawirya | wau ing têngênira | Radèn Suryakusumèku | dupi arsa sinisêtan[128] ||

11. sang rêna ngandika aris | mêngko dhi sadhela êngkas | sun yayi mamêkas manèh | aturêna sêmbah iwang | maring ibu sadaya | mring rama sun amit lampus | lan marang Radyan Dipatya ||

12. aturêna sêmbah mami | tuwin kangjêng uwa nata | kang sun suwun apurane | apan kangmas Adipatya | sun dhingin pinaringan | sotya rong kêmbaran iku | yayi sira aturêna ||

13. lan rêna cêpaka yayi | mirah selan nêm kêmbararan |[129] jumêrut lawan widure | iku sira aturêna | lan dhêdhakon sêlaka | kêcike sêlaka luru | rong atus wawrat rong katya ||

14. padha aturêna benjing | papan cuki sagagrahgan[130] | iya sun gawa marene | iku yayi aturêna | cukine [cu...]

--- [f. 535v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 39 dari 78

[...kine] saparo mas | ya rong kati bobotipun | kang saparo sêlaka |[131]|

15. iya bobote rong kati | cidhe[132] puspita salirang | iya mung iku duwèke | sinjang lawan kasêmêkan | gon isun gawa dhawak | wis mara arinisun |[133] kang rayi samya karuna ||

16. cindhe pan sampun tinarik | sang rêna ngêningkên tingal | nora samar dêdalane | patitising sakan[134] paran | kêjêpe ing kamurcan | pan cumêkik syaranipun | wahdi-wahdi sarineba |[135]|

17. kagèt sadaya pra ari | prasamya atêbah jaja | sami akaruna kabèh | kang layon wus rinarămpa | pinarnah ujurira | Nyai Tambakbaya wau | apan sampun pinêjahan ||

18. kari winêngakkên aglis | para ibu masuk samya | tuwin enya lan babune | kang layon wus gilang-gilang | prasamya rinukêban | suraning tangis gumuruh | pratmaja marêk ing rama ||

19. umatur sarwi anangis | pratmaja dhèr ngarsa rama | yèn sampun lalis kakange | kang rama ngastapirolah | ya ta kang kawuwusa | wadya kang kajawi pintu | miyarsa dudu wadinya ||

20. prasamya atata baris | kawula ing Kapugêran | warta wus adoh gumyahe | Pangeran Arya Mantaram | ngundhangi wadyanira | wus budhal sawadyanipun | lan Pangran Arya Panular ||

21. prapta Kapugêran sami | nèng lêlurung barisira | pangeran kalih maring jro | wus panggih lawan kang raka | gantya wau winarna | pra garwa dadan malêbu | atur uninga nalendra ||

22. inarka[136] yèn dadya jurit | lawan wadya Kasindurjan | Dèn Ayu Pugêr ge-age [ge-a...]

--- [f. 536r][137] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 40 dari 78

[...ge] | lampahe dharat kewala | wus prapta dalêm pura | kocapa wau sang prabu | pinarêk ing prabayêksa ||

23. kagèt mulat ingkang rayi | sang aprabu angandika | kadingarèn nibok ipe | awan-awan praptèng pura | ragane ana apa | baya dinutèng lakimu | ari ing Pugêr Dipatya ||

24. radèn ayu atur bêkti | wiwitan têkèng wêkasan | sanglir solah prakarane | kang raka atur sadaya | gagèt sri naradipa | atêbah dhadha sang prabu | nora kaya si adhimas ||

25. lagi tumon mung si adhi | ujaring kang aribasa[138] | kalu matèni anake | sagalakaneya macan | tan kalu maring anak | sang nata ngandika gupuh | bocah gandhèk timbalona ||

26. konên nimbali pra dipati |[139] kang ingutus sigra-sigra | pating balêbêr wong gandhèk | animbali pra dipatya | prasamya saha bala | prapta prawira nung-anung | orêg wadya Kartasura ||

27. pratiwa măncanêkgari[140] | pasisir kala sêmona | wisma Kartasura kabèh | ya ta wau kawuwusa | Rahadèn Sindurêja | myarsa gumyak ing lêlurung | pan sampun miyarsa warta ||

28. wadya Kansindurjan[141] baris | radèn supe abdi nata | sangking wratrêsnèng[142] putrane | ya ta wau Radèn Sukra | pan sampun asiyaga | Bugisipun pitung puluh | koprale Kopral Ronsansah ||

29. Kopral Jênulèn satunggil | wus abaris [a...]

--- [f. 536v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 41 dari 78

[...baris] palataran | wadya Kasindurjan kabèh | abaris pasohan jaba | sêntona kang kaparak | Dêmang Suraduksanèku | lan Kyai Citramênggala ||

30. lan Kyai Surajayèki | samya matur angrêrêpa | sampun mangkatên tingkahe | dipun emut angawula | nanging Radèn Sindurja | kawratan sihing sunu |[143] wibuh tan kêna ngandika ||

31. Rahadèn Sukra sirèki | anglir macan binabasah | arsa langgar kadipatèn | pinênggak jinaganan |[144] ing rama myang sêntana | Radèn Sukra ngadhah-ngadhuh | katonton kang asung brăngta ||

32. kang nala kadya jinait | arsa salah tonên radyan | miyarsa sêmara linawe |[145] ingsun ingkang amidosa | dhuh gusti antènana | sun arsa asaroh amuk | anglangi ganjur lan watang ||

33. ingsun arsa gênti kêris | awoworana ludira | kalawan Dipati Anom | dhuh pêjah kawula rama | nadyan silih pêjaha | belaa putraning ratu | lan pangeran lokanata ||

145. Durma

1. dyan warnanên wau ta sri naradipa | têdhak ing srimênganti | wadya jro sumahab | pêpêk sadaya astra[146] | wong priyatăngka[147] saragni | wus mugèng ngarsa | pinilih anambungi ||

2. pan asisih sami kapilih nèng ngarsa | mantri panèkêt nèng wuri |[148] sira sri narendro |[149] angampil pangêcuhan | wong Jagasura nambungi | wong ing Jantaka | ganjur sikêping jurit ||

3. Maundara asisih [asi...]

--- [f. 537r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 42 dari 78

[...sih] lawan misuga[150] | Nirbaya ngarsanèki | karubing[151] sikêpira |[152] sisih sami Nirbaya | wong Brajanala nambungi | asisih lawan | wong Wirabraja nênggih ||

4. Kartiwăngsa asisih lan Kartiyasa | wong Kanoman nisihi | têngên Patrayuda | tuwin wong Jagabaya | kiwane nisihi |[153] wong Cangkraknyana[154] | mandhung kêbayan ngarsi ||

5. têngênira pracăndha tulup sikêpnya | kiwane kang nisihi | nutra sikêp panak[155] | wong Martalulut ika | asisih Singanêgari | wong Darmahita | Patranala amiji ||

6. gandhèk mantri anom katagung nèng ngarsa | Suranata lan carik | prapta wong jro samya | prawira mugèng ngarsa | sri narendro sêmu runtik | yèn tan pêjaha | Sukra tindak pribadi ||

7. pra dipatya jawi mugèng panangkilan | miwah wadya pasisir | Adipati Sampang | wus mugèng panangkilan | tuwin wong măncanêgari | sawadyanira | nèng alun-alun abaris |[156]|

8. sri nalendro ngandika mring Sumabrata | lah paran wartane jawi |[157] Arya Sidurêja | Sumabrota tur sêmbah | ngabdi alêm[158] supe gusti | Arya Sidurêja |[159] tan emut yèn angabdi ||

9. sangking sangêt kawratan trêsnèng sutanya | tansah pakyaning[160] rèki | barisnya mêlatar | sang nata ngandika |[161] kêbutna para dipati | sri naradipa | jaja lir wara-wari[162] ||

10. Sumabrata umatur sri narendro |[163] arinta yèn suwawi | Radèn Ayu Pucang | punika tinimbalan | sang nata ngandika aris | marang Wilaja | lan[164] Nyai Suwandèki ||

11. ikang

--- [f. 537v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 43 dari 78

kinèn nimbali |[165] sagung para dipati | ing jawi sêdaya | lan măncanêgara |[166] tuwin prawirèng pasisir | kinèn ngêpunga | Kasidurjan baris |[167]|

12. gumugulung gêgaman mutab bêlabar | ing Kasidurjan prapti | lan Nyai Suwănda | Wilaja sampun prapta | jumrajog ngêpung wani |[168] kang balakusya | samya angêpung kikin ||

13. galedhegan Kangsidurêjan[169] ingindhêban |[170] Nyai Wilaja nênggih | lan Nyai Suwănda nênggih |[171] wus prapta ing jro pisan | sampun winênganan kari | dalêm wus prapta | panggih lan radèn patih ||

14. nyai[172] kalih adhawuhakên timbalan | hèh radèn sira iki | tămpaa timbalan | sira sri naradipa | sutanta Si Sukra iki | kêna kumolah | pinundhut de nêrpati ||

15. Radèn Arya Sindurja jêtung kewala | suta kinêkêp masih | sira Radèn Sukra | marmanya tan kêna sah | apaksa ngamuk ing jawi | Pangran Dipatya | Sukra pêksa wor gêtih ||

16. nuhun duka luhung nyai pun Sindurja | yèn kenging nanggulangi | kukuming sutèng ingwang |[173] sigra Nyai Suwănda | dèn ayu kang dèn timbali | dika dèn inggal | ngandikan de raka ji ||

17. Radèn Ayu Pucang mangkat sigra-sigra | kering mring nyai kalih | tan kawarnèng marga | prapta ing dalêm pura | kèndêl anèng srimênganti | ngarsa narendra | kang rayi anungkêmi ||

--- [f. 538r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 44 dari 78

18. radèn ayu karuna mulat ing nata | dening siya ing jurit | sang dyah anarka |[174] yène sangêt kang duka | ngandika sri narapati | babo ta sira | muliha dèn agipih ||

19. lah warahên lakinira Si Sindurja | yèn arêp nêmu bêcik | lan uripe Sukra | inggal nuli sebaa | praptaa ing ngarsa mami | yèn tan aseba | isun tindak pribadi ||

20. Radèn Ayu Pucang wus nêmbah amêdal | prapta dalême rèki | panggih lan rakanta | sira Radèn Sindurja | sang dyah lara dènnya nangis | tutur timbalan- | ira sri narapati ||

21. lamun sira jaluk uripe atmaja | sebaa dipun aglis | yèn tan arsa seba | sri nat palangkung[175] duka | kang arsa tindak pribadi | angambilana | ing patinira kalih ||

22. alah payo ingsun kinèn angirida | ya ta rahadèn patih | langkung dènnya kewran | dadya anut ing garwa | anêsêp-nasêp[176] sirèki | ngêmbunanira | karia suta mami ||

23. sun têdhakna pura marang sri narendra | mangkat rahadèn patih | lawana ingkang garwa |[177] samya dharat kewala | wus prapta ing păncaniti | lajêng ngandikan | tumamèng dalêm puri ||

24. Sumabreta[178] kinèn mapak kamandungan |

--- [f. 538v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 45 dari 78

kalawan para mantri | aparêk sadaya | wus panggih lalan[179] rahadyan |[180] pinundhut dhuwunge rèki | Radèn Sindurja | kinakubêng ing baris ||

25. pan rinêksa mugèng kori kamandhungan | wadya kaparêk sami | kang samya rinêksa | gantya kang kawuwusa | ting balêbêr para mantri | sangking kadhatyan | gandhèk mawanti-wanti ||

26. Ki Dipati Urawan kang kadhawuhan | Sukra kinèn nimbali | lan Dipati Sampang | kang sami kadhawuhan | Radèn Sukra kang winarni | saungkurira | kang rama tangkêp kori ||

27. wus amisah wadyabala Kasindurjan | amung kari wong Bugis | satus winitara | wongira sawêtara | i palataran abaris | pating sulimprak | bakilung naut rawis ||

28. yèn wontêna pangajane Radèn Sukra | ngamuk wong Kêrtawani | Jêmulèn Rusansah | kopral andêling yuda | anging tan sinung mêtoni[181] | mring Radèn Sukra | muêr[182] sajroning kori ||

29. dadya kewran sira Dipati Urawan | arsa ginêcêk wani | kang para punggawa | satriya tan arêmbag | gandhèk sangking ing jro puri | atundha-tundha | anginggalakên pati ||

30. langkung[183] kewran Kyai Dipati Urawan | dadya pikiring galih | arsa kinasapa | uwonge Bugis kathah |

--- [f. 539r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 46 dari 78

akarya rusak wong cili | yèn angamuka | satêmah bilaèni ||

31. wadya ingkang abaris lor kulon ika | Dêmak lan Surawèsthi | wong Madura wetan | kidul wong Kartasura | kang baris lor marêpêki | bata dèn rangsang | sinipat dening bêdhil ||

32. sami mundur kang baris wetan angrangsang | bubar sinipat bêdhil | sigra ingundhangan | aja na wong angrangsang | dèn ipuk sangkaning aris | mênawa kêna | rêmbag para dipati ||

33. ya ta wontên wong tuwa ing Kasindurjan | lungguh mantri panumping | aran Măndaraka | naking-sanak Sindurja | matur ing Ki Adipati | Urawan ika | arsa bujuk nglalêboni |[184]|

34. ingidenan marang Dipati Urawan | pan sampun atinggal kris | sigra mènèk bata | Ngabèi Măndaraka | praptèng nginggil dèn uluri | wus praptèng ngandhap | kagèt kang aningali ||

35. Radèn Sukra sêmana mangku talêmpak | ingayap de wong Bugis | kagèt ta umiyat | marang ing pamanira | Ki Măndaraka anangis | dhuh sutaningwang | kaya pa sira gusti ||

36. nora ngeman marang ing wong tuwanira | uwakira nèng jawi | Dipati Urawan | dhawuhakên timbalan | yèn sira tobat sayêkti | pan ingapura | dening sri narapati ||

37. ngaturêna tobat marang uwakira | sakèhe wadya Bugis | padha singgahêna | katon têmênanira | pan wus karsaning Yyang Widi | radèn agampang | wong Bugis dèn tundhungi ||

38. regol sampun winêngakkên Bugis mêdal | Urawan angundhangi | aja na sikara | marang wong Bugis ika | Ki Urawan manjing [ma...]

--- [f. 539v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 47 dari 78

[...njing] puri | lan Wiradigda | Radèn Sukra ngabêkti ||

39. lamun sira sutèng ulun arsa gêsang | ramanira kang mati | yèn sira palastra | kêna ing ukumolah | ramanira kang aurip | sira piliha | timbalane nêrpati ||

40. lamun sira nyawa amiliha gêsang | wong tuwa nanggulangi | dadi tanpa karya | ugyaning anak-anak | ramanta tuna sayêkti | aduwe suta | têmah amalês pati ||

41. ramanira pinêjahan dalêm pura | amarga ing sirèki | ya ta Radèn Sukra | umatur saha wotsêmbah |[185] kula uwa kang ngandhêmi | anging pun rama | sampun dinosan benjing ||

42. ngamungêna badan kawula priyăngga | uwa ingkang labuhi | amba titip uwa | lujênge ing paduka | pun rama sapungkur mami | dèn apuraa | sampun kabêktèng kami ||

43. anauri wau Dipati Urawan | aja ta walangati | nêmbah Radèn Sukra | uwa pêjah kawula | sampun andika wêsèni | sakarsa uwa | amrih ing pati mami ||

44. sigra ngambil wau Dipati Urawan | upas myang darubêsi | sampun pinakanan | wau Radèn Sukra |[186] sagunge kang upas mandi | tan ana mangsah | racun myang darubêsi ||

45. prapta malih timbalan sangking jro pura | katur dèrèng ngêmasi | wanti-wanti prapta | gandhèk atundha-tundha | kaku tyasira Dipati | Urawan lawan | Kyai Wiradigdèki ||

46. tuwin sira Ki Ngabèi Măndaraka | sigra dèn ukêl aglis | rambutira Sukra | gulune wus dèn idak | binêthot sami malirik | dèn idak-idak | Sukra wus angêmasi [angêma...]

--- [f. 540r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 48 dari 78

[...si] ||

47. gilang-gilang kunarpa ing pêlataran | wau Ki Adipati | Urawan wus mêdal | tuwin Ki Wiradigda | Măndaraka pan umiring | karaos ing tyas | waspanya andrês mijil ||

146. Mijil

1. Ki Dipati Urawan wus prapti | sajawining regol | sigra dènnya bubarkên barise | myang Dipati Sampang Surawèsthi | badholakên baris | syarane gumuruh ||

2. pra dipati prasamya tur paksi | tumamèng kêdhaton | praptaning panangkilan lampahe | sampun katur marang sri bupati | kalih dèn timbali | tumamèng kêdhatun ||

3. Ki Urawan lawan Ki Dipati | Sampang prapta ing jro | sri nalendra alon andikane | kayaparan Sukra pa wus mati | Urawan ngabêkti | inggih sampun lampus ||

4. Si Sindurja luwarana aglis | Urawan wotsinom | sri nalendra lon andikane |[187] hèh adhimas ing Sampang kris iki | paringêna aglis | mring Sindurja iku ||

5. sigra nêmbah ki dipati mijil | wus prapta ing regol | wus apanggih lan sira Rahadèn | Arya Sindurja wus dèn dhawuhi | timbalan narpati | ingapura sampun ||

6. dhuwungira pan wus dèn tampani | wus ingangge alon | mêdal sangking ing jro pura ge |[188] Urawan lawan Sang Adipati | Sampang pan umiring | marang dalêmipun ||

7. sêngkalane ingetang anunggil | duk panggih sang anom | lawan kangjêng pangran dipatya nèm | apan maksih tunggil [tunggi...]

--- [f. 540v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 49 dari 78

[...l] ingkang warsi | mangkana winarni | layon kalihipun ||

8. sapraptane dalême rèki |[189] Sindurja andongong | mulat ingkang putra layone |[190] mênggah-mênggah asabil ing ati | wau ki dipati | ing Sampang angrapu ||

9. kakang sampun karsaning Yyang Luwih | sampun winiraos | pati urip kakang wus takdire | datan kêna manusa amilih | pan sampun pinasthi | karsaning Yyang Agung ||

10. sampun pinêtak kang layon sami | gantya winiraos | wau Kangjêng Pangran Dipati Nèm | alami tyas karasa kang galih | wirangrong sang pêkik | sadalêming kalbu ||

11. pan rinaos dosane pan kêdhik | dosane sang anom | pan miyarsa warti ing yêktine | kawarnaa sang adipati |[191] animbali Nyai | Suwănda ingutus ||

12. marang Kapugran mundhuta aglis | ing putrine anom | Radèn Ayu Impun kêkasihe | lampahira Nyai Suwănda apan aglis |[192] Kapugêran prapti | tumanduk malêbu ||

13. panggih lawan pangeran nujoni | pinarak ing gandhok | ingkang garwa angadhêp kalihe | tuwin wau pangeran ri kalih | Nyai Suwănda aglis |[193] dhawuhakên wuwus ||

14. amba dinuta rakanta aji | nglayad kang wus layon | lawan kinon paring sêlawate | lawan mori tigang kêbar gusti | sigra dèn tampani | lan reyal rongatus ||

15. lawan kinèn mundhut putra èstri | wontêna kêdhaton | Radèn Ayu [A...]

--- [f. 541r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 50 dari 78

[...yu] Impun nahing anggèr | raka paduka jêng ratu nênggih | kapengin sutèsri | dadyaa pêpungun ||

16. jêng pangeran sumăngga turnèki | pan datan angraos | dêrmi-dêrmi ngakên suta bae | lawan wontên sarèki-rèkining | radèn ayu nênggih | Pugêr asêsunu ||

17. èstri sarêng pinundhut narpati | maksih kênya karo | Nyai Suwănda pan sami lèngsèr | sandyah kalih tinitihkên joli | lampahe lumaris | wus prapta kêdhatun ||

18. sampun marang sri bupati nangkil | wau sang lir sinom | pan pinutra-putra ing kalihe | ya ta ingkang kawuwusa malih | Radèn Surapati | kang wibawa luhung ||

19. ing nêgari Pasêdhahan mukti | kang prawirèng tanggon | langkung gêmah raharja kuthane | kang maesa tanpa kandhang sami | lêksanèng kèdhêp ing | kanan kèri takut ||

20. siniwèng wadya sang adipati | pinarak ing gandhok | para mantri andhèr nèng ngarsane | myang Răngga Bun Jêladri nèng ngarsi | Ngabèi Lor nênggih | myang Ngabèi Kidul ||

21. angandika Radèn Surapati | mring pêpatih akon | siyagaa ing ayuda kabèh | para mantri iridên tumuli | marang Panaragi | lumaksanèng pupuh ||

22. wadya Pasuruan kang milu sêpalih |[194] kang sami palugon | saha sêmbah wau Ngabèi Lèr | lêngsêr sangking ing ngarsa wus mijil | wadyanira sami | ingundhangan sampun ||

23. dènnya

--- [f. 541v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 51 dari 78

[...]

--- [f. 542r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 52 dari 78

tata-tata tigang latri | kocaping cariyos | sampun badhol sangking nagarane | gêgamanira awarni-warni | panganjuring jurit | wong anumbak biru ||

24. ganderanya apan cinirèn ing | banthèng kalêlaton | wong Cêcanrangbaya[195] galongane | wong Anumbak irêng kang nambungi | irêng gandera sri | ciri kêthèk jamus ||

25. wong Adêrmbahita galonganèki |[196] samya kêthot-kêthot | walung puluh galong-galongane | tumbak binang sira ta ing wuri | ganderanya abrit | ciri macan wulung ||

26. wong Surènglaga sakumbanèki | samya anom-anom | kang nambungi wong sikêp bung ampèl | ganderane pan aciri kuning | wong Sêcanrangwèsthi | gêgalonganipun ||

27. wong anumbak putih anèng wuri | putih binalêkok | cinirenan wau ganderane | kalacakra majok catur gyaning | wong anjayèng rêpit | gêgalonganipun ||

28. kang amangku gêgaman jro sami | Patih Ngabèi Lor | Ki Ngabèi Kidul sisihane | sinambungan dening para mantri | Bun Jaladriyakti | Bun Jaladriyèku ||

29. Jalalodra lan Bun Jalapati | Bun Jalapaningron | Lêmbu Singadara ing wurine | Lêmbu Giyêng Lêmbu Wanasrênggi | Lêmbu Pethapathi[197] | Dêmang Lêmbu Gadrug ||

30. Dêmang Gêmpung lan Răngga Jêladri | Răngga Panatasros[198] | warna-warna pra mantri wadyane | Dalêm Jayaningrat munggèng wuri | sawadyanirèki | kabèh sikêp tulup ||

31. tiga bêlah èwu winitawis | prajurit kang anom | pan kajawi pêpikulan [pêpi...]

--- [f. 542v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 53 dari 78

[...kulan] ngobèng | ingkang samya nyêkêli turanggi | sira pra prajurit | prawira nung-anung ||

32. tan winarna lampahirèng margi | ginêlêk ponang wong | pan wus prapta kidul Selamalèng[199] | palabuhan sampun dèn sabrangi | panganjuring jurit | wus ngancik Madiun ||

33. para mantri ing măncanagari | tan wontên kang tanggon | wadyabala tilar nêgarane | baris agêng prapta Pranaragi | gègèr wadya alit | samya ngungsi gunung ||

34. ana ngungsi ing wana asungil | langkung susahing wong | kang sawênèh ngungsi jurang pèrèng | ing karang rong pan samya dèn ungsi | myang tiris taritis | tintrim solahipun ||

35. kitha Pranaraga wus dèn broki | mring Ngabèi Lor |[200] lan pra mantri sakancane kabèh | pangarsanira pan sampun têbih | pan satêngah ari | lawan baris agung ||

36. ênêngêna kang samya abaris | gênti winiraos | sri nalendra ing Kartasurane | enjing siniwèng ing păncaniti | pratiwandhèr ngarsi | prawira nung-anung ||

37. magêrsari kaparak mêrapit | kang ampilan abryo[201] | Priyantaka ing ngarsa unggyane | saragêni ingkang anambungi | bandera mêrapit | gulaklapa iku ||

38. wong Nirbaya munggèng kanan kèri | pinilih tan adoh | apan samya pinilih jajare | Wirabraja Brajanala kèri | Kartiyasa nênggih | Wiramarta ngayun ||

39. maudara mingyaga[202] nisihi | nèng ngarsa tan adoh | Patrayuda Kanoman sisihe | Jagabaya [Jaga...]

--- [f. 543r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 54 dari 78

[...baya] lan nyanggragnyana[203] kèri |[204] wirapracundhèki | nutra lawan mandhung ||

40. martalulut lan singanagari | gandhèk mantri anom | Patranala lan darmahitane | Suranata ajajar lan carik | unggyan tan atêbih | lawan sang aprabu ||

41. pra prawira-prawirandhèr ngarsi | munggèng ngarsa katong | ari nata katri munggèng ngarsane |[205] Jêng Pangeran Pugêr mugèng ngarsi | lan Arya Mêtawis | myang Panularipun ||

42. Radèn Arya Sindurja anangkil | ajajar tan adoh | lawan adipati ing Sampange | tuwin Adipati Surawèsthi | Ki Urawan nangkil | nênggih jajaripun ||

43. Ki Tumênggung Wirawidigdèki | banjêngira lunggoh | Mangkuyuda lan Natayudane | pratiwa jro Sumabrăngta nangkil | myang Wirarêjèki | Mangunnêgarèku ||

44. Suratani munggèng ngarsa aji | lan pasisir kulon | banjêng Tumênggung Dêmak jajare | Radèn Arya Sindurja wotsari | amba tur upaksi | mêsah wetan rawuh ||

45. Pranaragi kithanya dèn broki | gègèr tanpa tanggon | winatawis wong wetan barise | tigang èwu cacahing prajurit | kalêbêt pakathik | kados gangsal èwu ||

46. sri nalendra angandika aris | undhangana kang wong | dèn samêkta lan sadadanane | pratêlunên kang para dipati | tuwin pra dipati | prawira nung-anung ||

47. adhi êmas sun tuduh pribadi | nindhihi palugon | pra dipatya angiringa kabèh | lawan sira Si Sidurja [Si...]

--- [f. 543v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 55 dari 78

[...durja] aglis | awèha udani | marang si kumêndur ||

48. iya pira lawase duk prapti | dutane si petor | ngaturakên layang kêkirime | jendral lawan kang para Rat Pêni | anagih mring mami | sêsanggupan ingsun ||

49. lah warahên kumêndur jro tulis | yèn wong Jawa eroh | anadhahi mungsuh wetan gêdhe | kaya apa ênggone amikir | ingutangan mami | lagya woh anglurug ||

50. malah mundhuta bantu Kumpêni | nanggulang palugon | yèn Wêlănda amundhut bantune | apa gawe kudu anênagih | ing sanggupan mami | mêngko lagi ewuh ||

51. sajatine mungsuh pan pinanggil | dènira sang katong | sabên-sabên pan prapta layange | sangking Kumpni surat anênagih | mungsuhe pinanggil | kinarya pakewuh ||

52. sri nalendra angandika aris | lan têkaning mungsuh |[206] pratelakna tanah lan ênggone | Pranaraga iya kang dèn broki | wong wetan kang prapti | pamuk patang èwu ||

53. lawan ingkang sun duduh[207] nindaki | nindhihi palugon | adhi êmas Pugêr apadene | wadyèng Kartasura sun para tri | kang rong duman ngiring | si adhi anglurug ||

54. kang saduman atunggu nêgari | sarwi ingsun kongkon | angusungi bêdhil ingsun kabèh | sakarine kang ana Mêtawis | sun gawe nêgari | Sindurja wotsantun ||

55. wus anuduh kêkalih pra mantri | kang badhe kinongkon | mring Sêmarang lan lajèng parane | sri

--- [f. 544r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 56 dari 78

nalendra adangu tinangkil | kondur malêbèng puri |[208] ginêrbêg para rum ||

56. lir Bathara Endra ginêrbêg ing | pra widadaryanom | praptèng sitinggil sri narpa anolèh |[209] hèh Suwănda timbalana si adhi |[210] ing Pugêr dèn aglis | lan Si Sindurja iku |[211]|

57. pan katêlu adhimas dipati | ing Sampang maring jro | Ni Suwănda tumurun ge-age | sapraptanira ing păncaniti | sira pratiwa tri | dhinawuhan wuwus ||

58. kerid marang Ni Suwănda katri | wus praptèng kêdhaton | sri nalendra ing prabayêksane | wau sira pratiwa katri |[212] ngandikan narpati | dèn kaparèng ngayun ||

59. dyan manêmbah sira pratiwa tri | majêng ngarsa katong | sri nalendra alon andikane | kayaparan dhimas ingsun tari | tuwin sira kalih | paran ing karsèku ||

60. dene panagihe wong Kumpêni | wanti-wanti mring ngong | lamun besuk ana prapta manèh | layang panagih têka Bêtawi | apa ngong sauri | utang ingsun sanggup ||

61. Jêng Pangeran Pugêr matur aris | langkung karsa katong | datan kenging nglangkungi karsane | sri nalêndra angandika aris | hèh pikirên adhi | sira pan katêmpuh ||

62. ari matur yèn karsa kaka ji | inggih lêng pinagok |

--- [f. 544v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 57 dari 78

sah lan babon, Setrawijaya.

[...]

--- [f. 545r][213] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 58 dari 78

tanpa damêl dados lan icale | ing Carêbon ing Pasundhan tuwin | Sindurja nambungi | rakanta kang sanggup ||

63. amaringi ajining Kumpêni | kang pêjah palugon | lawan amaringi bêlanjane | ingkang binêkta andon ajurit | rakamta nêrpati | ing nguni sumanggup ||

64. kados punapa gène angêlesi |[214] pangran ngandika lon | baya angèl Sindurja saure | sira bae iku anauri | kabèh ing rat Jawi | kagunganing ratu ||

65. wong Kumpêni bantoni ajurit | kangmas madêg katong | apan uwis anêmu untunge | ing Carêbon ing Pasundhan tuwin | wawênang pinaring | dene kakang prabu ||

66. alêloji apan dèn turuti | ing pasisir bang lor | ya Jêpara Têgal Sêmarange | nora nana panêbasing bumi | dagang layar olih | wong Jawa atakut ||

67. iku dudu bawaning Kumpêni | pan bawaning katong | yèn amaksa iya panagihe | ngambanga bae nèng jaladri |[215] bumi kang dèn ciki | banyu kang dèn inum ||

68. akèh jine iya tanah Jawi | pan nambah liyan wong | sukêt godhonge sapa kang duwe | lawan olih kèringan pasisir | wong Jawa tan wani | apitnah ru-biru ||

69. apan iku iya kuwasaning | kang umadêg katong | dyan manêmbung Dipati Sampange | inggih lêrês panitihe ugi | apan wong Kumpêni | nèng Jawa bêburuh ||

70. yèn wus olih buruhane mulih | lungaa dèn adoh | aja ngancik lêmah Jawa manèh | awangsula marang ing Batawi | mung iku kang uwis | liningan kêkuwu ||

71. aprandene sabarang sêkalir | têngahing palugon | nora uwis Si Walănda dhewe | ukur-ukur iya ngangêtêbi | kang atalang jurit | tan lyan wong Jawèku ||

72. sri narendra mèngsêm ngandika ris | iya iku pêngkoh | yèn marambat Walănda karêpe | yèn ala sun walês angalani |

--- [f. 545v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 59 dari 78

yèn tan ana amrih | ing jangjing[216] sun tulus ||

73. yèn tan narima ing wong Kumpêni | ngêmpèk-êmpèk ingong | pêsthi kono sêdhêng tundhungane | wong Wêlănda têka tanah Jawi | yèn bêcik sun eling | ing wirayatipun ||

74. kangjêng eyang sultan ing Matawis | amêca maringong | durung ana babar wirayate | lamun abala bacingah sami | wus pinanggih mangkin | ing wirayatipun ||

75. hèh Sindurja iyèku dèn eling | anggêr-anggêr ingong | apadene yèn katêmu dhewe | lan si petor si kumêndur benjing | Sindurja wotsari | sandika pukulun ||

76. angandika wau sri bupati | mring kang rayi alon | lakunira yèn prapta ing têmbe | muruhira tajokên[217] ing tulis | gawea pêpati | aja kêmbèng laku ||

77. pangran mangênjali ing raka ji | katiga wotsinom | pinaringan pan satus reyale | sangunira gènnya andon jurit | katiga wus mijil | prapta dalêmipun ||

78. samya ngundhangi wadyanira lit | prasamya acaos | datatita ing sagêgamane | tan winarna kunêng gantya ari | wus atata baris | atêngara pungkur ||

147. Pangkur

1. gumrah wadyèng Kapugêran | wong anumbak miwah wong saragêni | wus samya munggèng lêlurung | bandera pari mudha | kang bandera gêniroga myang lêlayu | waos bung ampèl lan binang | cêmêng myang pêthak jininggring ||

2. kapêdhak ing Kapugêran | Jayadarma lan Jayadarma[218] ngirit | Pranayuda sisihipun | kêlawan Onggontaka | Japasuta Banyakpatra tri jayèku | Surangjaya Tambakbaya | andêl-andêling ajurit ||

3. Sutakêrti Kêrtiwăngsa | Sêstrawăngsa sêman[219] siyagèng jurit | miwah ingkang para sunu | tan wontên kang kantuna [kantu...]

--- [f. 546r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 60 dari 78

[...na] | Radèn Surya sêmana apamit sampun | ing Pangeran Adipatya | tumut ing rama don jurit ||

4. pratmaja sampun sanega | pangran budhal sangking dalêmirèki | syarane wahana kumpul | gamane pra wêdana | Ki Dipati Urawan balane umyung | Ki Tumênggung Mangkuyuda | myang Natayuda kang ari ||

5. Tumênggung Wirawidigda | sampun budhal sangking dalêmirèki | wus prapta ing alun-alun | sagunge kang gêgaman | jêng pangeran budhal sangking dalêmipun | ingiring dening pratmaja | wus prapta ing păncaniti ||

6. ngandikan marang jro pura | jêng pangeran lan sagung pra dipati | praptèng pura samya ngunjung | sasampunira mêdal | sarêng budhal baris sangking alun-alun | gumuruh syaraning bala | măngka panganjuring jurit ||

7. Ki Tumênggung Mangkuyuda | lan ari Tumênggung Natayudèki | Wirasudigda sumambung | myang Dipati Urawan | para putra Kapugêran kang sumambung | Rahadèn Suryakusuma | anitih turăngga putih ||

8. kare[220] ran pun Samirana | binusanan rarab[221] sangkêlat abrit | gagêrudhan èbèkipun | nyirik pun Samirona | Radèn Ăntawirya munggèng kèrinipun | anitih kuda bêlalak | pancal panggung dhawuk abrit ||

9. turăngga ran pun Samboga | apan rinaraban sangkêlat kuning | sutra jingga tirahipun | kuda mêtu adheyan | Radèn Martataruna ing wurinipun | anitihi kuda janjan | biru aran Sewagêni ||

10. Radèn Dipati Têruna | munggèng wurinira nitih kuda brit | nyirik pun Tambang ranipun | ing wuri sapa Dyan |[222] Wăngsatruna nitih kuda gula gêmpung | ararab sangkêlat jingga | palisir dipăngga kuning ||

11. turăngga ran pun Gunawan | ing wurine radèn timur kêkalih | Radèn Săngka Sudamèku | anitih kuda pêthak | sira Radèn Sudama kudane dhawuk [dha...]

--- [f. 546v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 61 dari 78

[...wuk] | ing wuri nulya kang rama | ginêrbêg wong magêrsari ||

12. waos pêthak kawan dasa | nitih kuda pangeran songsong kuning | syarane bala gumuruh | pasisir munggèng wuntat | pan ing Kudus sapangilèn ingkang tumut | ginêlak lampahing bala | wus nabrang Kali Samanggi ||

13. arêrêb wetan bêngawan | pan sadalu enjing budhalkên baris | ing marga datan winuwus | wus prapta Jagaraga | panganjure yuda wus praptèng Madiun | Ki Tumênggung Mangkuyuda | lan Natayuda prajurit ||

14. sigêgên kang lagya mlampah | kawarnaa kang baris Pranaragi | ing warta sampun misuhur | yèn wadya Kartasura | panganjuring yuda wus praptèng Madiun | kang dadya ing tungguling prang | Pangeran Pugêr prajurit ||

15. wong Pasuruan siyaga | pangarsane ing Kali Tambang baris | wadyèng Pasuruan wau | kang anèng Pranaraga | karsanipun agêmbul ing kali sampun | anênggih ing Kali Tambang | pan sampun bodhol kang baris ||

16. wus awor ing Kali Tambang | amalatar wadya amacêk baris | gêntya wau kang winuwus | Tumênggung Mangkuyuda | lan kang rayi Natayuda wus angutus | ing mantri atur uninga | ing kangjêg pangeran aglis ||

17. yèn mêsah sampun malatar | Jêng Pangeran Pugêr budhal tumuli | rawuh ing bumi Madiun | sampun anonjok surat | mring Ngabèi Êlor myang Ngabèi Kidul | pan sêmaya karya pêjah | aja kêmba ing ajurit ||

18. ya ta wadyèng Kartasura | apan sampun ayun-ayunan jurit | anêtêk têngara umyung | miwah wong Pasuruan | atêngara bêndhe tinitir angungkung | tinata kang ponang bala | pangawat kanan lan kèri ||

19. miwah wadyèng Kartasura | Jêng Pangeran Pugêr wus nata baris | pangawat ing kananipun | Ki Dipati Urawan |

--- [f. 547r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 62 dari 78

lan Tumênggung Wirawidigda puniku | Ki Tumênggung Mangkuyuda | lan ari Natayudèki ||

20. pangeran munggèng ing dhadha | pan kinêtêb dening wadya pasisir | prajurit pratmaja ngayun | ngarsane jêng pangeran | pra prajurit bang wetan sarêng anêmpuh | sumahab kang wadyabala | wong Kartasura nadhahi ||

21. umung surake lir umbak | ing samodra nêmpuh parang taritis | sênjata lir gêlap sèwu | bendrong wong Kartasura | tuwin pasisir wadya sarêng gumulung | pêtêng kukusing sêndawa | wong Pasuruan mangukih ||

22. wadya lit wus kathah pêjah | kalih atus watara kang ngêmasi | wong Pasuruan kaburu | bagna luyut kang bala | dyan mawantah wong Kartasura bêbujung | wadya kèh suksa[223] wor wona | wadya kang samya nututi ||

23. pan sampun wangsul sadaya | pan lumiring baris mring Panaragi | angêbroki kithanipun | sampun samya ngundhangan | wadya alit kang ngili wus kinèn wangsul | têtêp wadya Pranaraga | sêsuguh prapta anggili ||

24. ya ta wau kawarnaa | wadya ingkang kaplayu ing ajurit | ing Caruban dènnya ngumpul | lajêng ing lampahira | ambêboyong urut dalan kang bêbujung | wus nabrang ing palabuhan | samya rêrêb ing Kadhiri ||

25. akêkuwu kithanira | pan alami wong wetan nèng Kadhiri | lêt sapta latri angutun[224] | nabrang ngalèn[225] macalang | ambêbahak têlatah bumi Madiun | lan pacalang Kartasura | nèng Kartasana ajurit ||

26. sring panrêp[226] wong Kartasura | binantonan wonge prasamya lari | yèn tinilar bantunipun | pacalang wetan mênang | lamun têka bantune wong wetan larut | yèn mungkur wong Kartasura | wong wetan anarutuli ||

27. ya ta wau Jêng Pangeran | Pugêr anèng ing kitha Pranaragi | apan ta sampun angutus | ing mantri tur uninga | yèn prang rame wadya kang pêjah apupuh | wor musuh

--- [f. 547v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 63 dari 78

kêlawan rowang | kalih atus winatawis ||

28. duta praptèng Kartasura | sampun katur marang sri narapati | langkung sukanirèng kalbu | wau sri naradipa | Radèn Arya Sindurja sampun angutus | awèh wruh yèn wus apêrang | mring kumêndur Jêpara glis ||

29. amundhut bantu Walănda | yèn ayuda rame akèh pêpati | wong Jawa pan kalih atus | kang mati ngadilaga | sêrat dalêm ing Jêpara sampun rawuh | Kapitan Dulkup wus undhang | undhang ing para upêsir ||

30. kan para upêsir prapta | Petor Bilman sêmana sampun prapti | ing loji sira kumêndur | sêrat wus ingurmatan | tinupiksa yèn sêrat mundhut bêbantu | ya ta Kumêndur Jêpara | mubêng gènira wèh pêksi ||

31. marang petor ing Sêmarang | duk sêmana maksih petor kang jagani |[227] pan durung ana kumêndur | ingkang loji Sêmarang | mung Jêpara anyar jinagan kumêndur | sajênêngira sang nata | ing Kartasura nagari ||

32. sagung upêsir Japara | ponang sêrat linaju ing Batawi | gantia ingkang winuwus | kang wontên pambarisan | Jêng Pangeran Pugêr akalangon nutug | sang putra para wêdana | ing wona tuwin ing warih ||

33. apan lêt ing pitung dina | jêng pangeran ngadu pacalang nênggih | arame buru-binuru | sabên-sabên ayuda | Kartasana ing Pace dènira campuh | ya ta wau kawuwusa | sira Radèn Surapati ||

34. sampun ngaturan uninga | lamun ingkang yuda wadya kalindhih | putra kalih kinèn bantu | Radèn Lêmbu kang tuwa | ingkang anom Radèn Lêmbara ranipun | kêkalih maksih jêjaka | binaktan sèwu prajurit ||

35. sami wadya gêgangsingan | putra kalih sampun winêling rêpit | binêktanan atur-atur | pêthèn barana mulya | sigra budhal sangking Pasuruan sampun | Rahadèn Lêmbu Lêmbara | gumyah syarane kang baris ||

36. ing ênu datan winarna | sampun [sa...]

--- [f. 548r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 64 dari 78

[...mpun] prapta wau prajèng Kadhiri | wus apanggih wadyanipun | rêrêb Kadhiri ika | tigang latri rahadyan anulya manggut | wadya sapalih binêkta | kang sapalih nèng Kadhiri ||

37. wus anabrang palabuhan | pangarsane Caruban sampun prapti | wau ta ingkang winuwus | kang baris Pranaraga | jêng pangeran siniwèng ing tarub agung | andhèr kang para dipatya | prawira nung-anung ngarsi ||

38. sira Dipati Urawan | myang Tumênggung Wirawidigda ngarsi | Tumênggung Mangkuyudèku | myang ari Natayuda | pra dipatya pasisir seba sadarum | Tumênggung Sajanapura[228] | ing Jêpara kang nagari ||

39. ing Dêmak Ki Suranata | Ki Tumênggung Rêksanagara Têgil | Rahadèn Nitiyudèku | Dipati Pakalongan | Radèn Madurêtna tata munggèng ngayun | Kêndhal Ngabèi Ngawăngga | tuwin Răngga Lèpèntangi ||

40. Ki Răngga Yudamênggala | ing Pamalang ran Sêcanêgarèki | ing Kudus Pangeran Kidul | Dyan Dipati Urawan | alon matur anggèr mêsah wetan rawuh | bantu sangking Pasêdhahan | sikêp sèwu winêtawis ||

41. ingkang nindhihing[229] gêgaman | anakipun kalih pun Surapati | Lêmbu Lêmbara ranipun | mangke sampun anabrang | palabuhan ing Caruban sampun rawuh | jêng pangeran angandika | hèh kakang paran karsèki ||

42. matur Dipati Urawan | yèn suwawi pinêthuk ing ajurit | sintên kang sampeyan tuduh | pra dipati akathah | jêng pangeran pangandikanira arum | Si Tumênggung Janapura | lawan Si Tumênggug Têgil ||

43. Pamalang lawan ing Kêndhal | Kaliwungu sira mapaga jurit | hèh Sudira anak ingsun | sira kang nindhihana | nêmbah matur radèn sandika turipun | tuwin sagung pra dipatya | sandika sarêng wotsari ||

44. lawan sira Mangkuyuda | Natayuda lah milua [milu...]

--- [f. 548v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 65 dari 78

[...a] nak mami | kang liningan nêmbah sampun | lèngsèr sangking ngayunan | pra dipatya sanega bêndhe angungkung | wus tata sawadyabala | budhal sangking Pranaragi ||

45. sagunge para dipatya | Radèn Suryakusuma kang nindhihi | syarane wadya gumuruh | Tumênggung Janapura | ing Japara wau kinarya panganjur | gêgaman abrang asinang | sragêni tri atus ngarsi ||

46. Rahadèn Suryakusuma | munggèng têngah măngka tungguling baris | anyirik turangganipun | putih anglir badhaya | sira radèn sinongsongan kartas biru | yèn sinawang polahira | lir putra Ngawănggapati ||

47. lampahe baris ginêlak | wus anabrang Kali Dhadhung kang baris | watêsing Caruban rawuh | ya ta wong Pasuruan | wus miyarsa yèn binanjêl barisipun | mêdal sangking pasanggrahan | têngara anata baris ||

48. pan sampun ayun-ayunan | Radèn Lêmbu Lêmbara kang nindhihi | bêndhe tinitir angungkung | sigra wadya mawantah | Janapura kang munggèng ngarsa anêmpuh | wadyèng Japara atadhah | arame bêdhil-binêdhil ||

49. pra tumênggung kang pangawat | angêbyuki bêdhili sangking wuri | ya ta sinapan tri atus | wong Têgal sarêng munya | sarêng lawan surake bala gumuruh | campur pangriking turăngga | lir kocaking jalanidi ||

50. Rahadèn Suryakusuma | animbali mring wadya nêngah jurit | sinèbêt kang kuda maprung | wus nêngah ing payudan | Mangkuyuda Natayuda kagèt dulu | radèn ingampah tan kêna | dadya kalih anglabuhi ||

51. turangganira rahadyan | Samipana[230] paningale wadya lit | pan saasta luhuripun | bênggange sangking lêmah | dyan umangong[231] kabèh prawira nung-anung | anggêrgut angrurah lawan | satru bagna luyut lari ||

52. Rahadèn Lêmbu Lêmbora | apan

--- [f. 549r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 66 dari 78

lagya wadya bagna tan pulih | kèndêl nyalimpêt wana gung | kang maksih wadyanira | mănca sowang sêmana kasaput dalu | mundur wadyèng Kartasura | Caruban lêrêb salatri ||

53. enjing-enjing nulya budhal | tan winarna prapta ing Pranaragi | umarêk ing rama sampun | tuwin sagung dipatya | Jêng Pangeran Pugêr angandika arum | kapriye ing yudanira | basukine wadya alit ||

54. sang liningan datan wangwang | mangênjali inggih raharjèng jurit | satru tan wangwang suh sumyur | jêng pangeran miyarsa | langkung tustha gantya wau kang winuwus | Rahadèn Lêmbu Lêmbora | kang nyalimpêt ing wanadri ||

55. rahadèn arsa asohan | dhatêng pangran wus mangkat radèn kalih | prapta ing pakuwon dalu | panggya lan jêng pangeran | babêktane sadaya pan sampun katur | kaatur dhatêng narendra | tuwin ing Pangran Dipati ||

56. liring pèni-pèninira | Pasêdhahan katur ing sri bupati | pratmaja duta wotsantun | sêmbahipun pun bapa | kaatura paduka tuwin sang prabu | kang sapangat sri narendra | myang jêng paduka pinundhi ||

57. lèngsèr kang tênaya suta | wayah lagya kulêm samya lumaris | wus umasuk ing wana gung | lawan wadya sadaya | ngalor ngetan nagri ing Caruban rawuh | tan kandhêk ing lampahira | artatine kang lumaris ||

148. Dhandhanggula

1. gantya ingkang winuwusa malih | sri narendra kang kantun nêgara | kêlangkung sangêt gêrahe | sang nata gêrah lumpuh | sampehane tan kêna osik | otêr wong sanjro pura | maras ing tyasipun | alami tan sinewaka | jêng pangeran dipati tikbra ing galih | tuwin rêkyana patya ||

2. ingkang nglurug sampun dèn timbali | mantri anom sakawan lumampah | datan kawarna lampahe | ing Pranaraga rawuh | lan pangeran sampun pinanggih | dhawuhakên timbalan- | ira sang aprabu | pangeran ngaturan [nga...]

--- [f. 549v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 67 dari 78

[...turan] wikan | lamun gêrah kang raka sri narapati | pangran kapiting[232] driya ||

3. gupuh dènnya ngundhangi wadya lit | Ki Urawan wus sinungan wikan | tuwin pra dipati kabèh | têngara budhal sampun | pan ginêlak lampahing baris | siyang dalu lumampah | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Kartasura | jêng pangeran lajêng tumamèng jro puri | wus panggih lan narendra ||

4. sumêsêp ing raka mangênjali | ing padane jêng sri naradipa | mangusapi ing lêbune | sang nata ngandika rum | kayaparan lakunirèki[233] | sang ari matur nêmbah | raharja pukulun | sang prabu malih ngandika | ingsun yayi kêna lara tanpa kardi | lumpuh tan kêna obah ||

5. kayaparan karsanira yayi | apa ingkang kinarya usada | kalangkung dening sangête | sihing Yang Maha Luhur | ingkang rayi matur wotsari | paduka narimaa | sihing Yang kang rawuh | pintên banggi ta ing benjang | bokmênawi angsal apuntên Yyang Widi | ing mangke tinarima ||

6. Jêng Pangeran Pugêr wus umijil | sangking pura praptèng dalêmira | sinêngkalan duk gêrahe | sang sri naranatèku | wong ningali obahing bumi |[234] sawarsa laminira | dènnya gêrah suku | ing lamine tan winarna | ganti warsa wau ta sri narapati | inggar wong Kartasura ||

7. apan nadar sang sri narapati | yèn waluyya dènira agêrah | anadar ngrampok sima kèh | lawan lêlumban wau | lawan sagung para dipati | marang sagara yasa | iku nadaripun | ngrampok sampun kalampahan | sima kathah lajêng lêlumban nêrpati | marang sagara yasa ||

8. kacatur baya ngambilan dhingin | miwah bajule binêktèng mêntas | Radèn Sudira kang kinèn | dènira sang aprabu | pan cinatur lêbêting warih | kampuhnya pinarêmas | tan mawi acucul | tan têlês kêna ing toya | bajul [ba...]

--- [f. 550r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 68 dari 78

[...jul] kalih cinangking ing asta kèri | mêntas maring dharatan ||

9. samya cingak ingkang aningali | digjayane Rahadèn Sudira | wong dalêm anggêbyur kabèh | miwah wau sang prabu | nutug dènnya kasukan warih | wus kundur sri narendra | prapta ing kadhatun | sêmana tulus raharja | Kartasura ya ta ing alami-lami | wontên kang cinarita ||

10. garwanira Pangeran Dipati | sangking Ngunje sampun apêputra | sajuga pêkik warnane | lan wontên sêliripun | tiyang sangking Kambêng mêdali | antara tigang căndra | babar ingkang sunu | lan garwa Ngunje punika | samya jalu putrane Pangran Dipati | kang sêpuh winastanan ||

11. Radèn Mas Bumi dene kang rayi | winastanan Radèn Mas Panênggak | kang sêpuh katêlah radèn | iya Radèn Mas Sêpuh | tan kawastan Radèn Mas Bumi | nuli garwa pêputra | ing Ngunje puniku | inggih miyos jalu ika | inggih sami garwa sangking Ngunje malih | punika winastanan ||

12. apan karan Rahadèn Mas Alit | pan katiga pinundhut ing eyang | pinutra-putra eyange | marang eyang sang prabu | samya basa rama mring aji | ing rama basa kakang | Pangran Dipatyèku | nuli malih apêputra | sêlir sangking Kalang mêdaling[235] pawèstri | tuwin Radèn Panênggak ||

13. putra èstri Radèn Ajêng Sasi | duk sêmana apan wus diwasa | cinatur urute bae | putra katiga jalu | sampun samya dipun sunati | dene putra wanodya | sarêng tugêl kuncung | mantri roro rêtu tunggal |[236] sêngkalane putra tiga dèn sunati | lan tugêl kucung ika ||

14. wontên ingkang kawarnaa malih | putra èstri sangking Kapugêran | kalawan kaponakane | Dyan Ayu Ingpun iku | Ratu Êmas ingkang gadhuhi | kang sawiji ingaran | Dyan Ayu Kadhatun | Radèn Ayu Ipun ika | pan pinacang lawan Pangeran Dipati | karsane sri narendra ||

15. ingkang wayah wau sri bupati | radèn êmas pan sampun [sa...]

--- [f. 550v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 69 dari 78

[...mpun] diwasa | wus sinungan dalêm dhewe | sakilèn sitiluhur | apan sampun sinung wêwangi | Pangeran Buminata | nênggih namanipun | kêkalih maksih wêwujang | Radèn Êmas Panênggak dalêmirèki | sakilène kang rama ||

16. Radèn Ayu Kadhaton winarni | pinanggihkên lawan kaponakan- | ira Ratu Kêncanane | nênggih jêjulukipun | Radèn Mangunrana satunggil | kang tuwa Sumaningrat | tinariman wau | Rahadèn Ayu Kadhatyan | dalêmira ing gandhok kiduling puri | sêmana sinêngkalan ||

17. warnaning buja angrasa wani |[237] tunggil warsa lan Pangran Dipatya | pinêksa rama panggihe | lawan Dèn Ayu Ipun | ing karsane sri narapati | pan radèn ayu rara | gêntèni krangulu | ing raka Dyan Ayu Lêmbah | dahad marma yèn putra nata tan panggih | lan putri Kapugêran ||

18. wus amangun rêsmining tilam mrik | Radèn Ayu Ipun lan kang raka | Pangeran Dipati Anèm | tinawèng jinêm arum | dyan winarna sang agung rêsmi | Pangeran Adipatya | gêntia winuwus | nênggih wontên putranira | Jêng Pangeran Singasari dèn timbali | wau marang kang uwa ||

19. pan sedane Pangran Singasari | Pangran Pugêr ingkang ngambil putra | pan kêkalih sadhèrèka |[238] Radèn Santri kang sêpuh | Radèn Punta ingkang taruni | kinarya mantri mudha | dening sang aprabu | Rahadèn Punta sêmana | kesah sangking nagara ing Têgalwangi | dêdagan mring kang eyang ||

20. kapiyarsa dening sri bupati | tuwin Pangran Pugêr amiyarsa | tinimbalan ing uwane | Radèn Punta tan purun | kêdah anèng dagan kang syargi | pan katur mring sang nata | Radèn Punta wau | yèn kêdah nêkung nèng dagan | Ki Tumênggung Rêksanêgara ing Têgil | kang kinèn nguwisêna ||

21. sampun budhal Ki Tumênggung Têgil | saha wadya tan kawarnèng marga | sampun prapta nagarane | Radèn Punta ingapus | asêngadi

--- [f. 551r][239] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 70 dari 78

Tumênggung Têgil | dinuta ing naledra | Radèn Punta wau | ingaturan mring nagara | apan arsa ingadêgakên nêrpati | dening Tumênggung Têgal ||

22. Radèn Punta manahipun gampil | kamalokên jinunjung nalendra | tan wruh yèn ingapus bae | rahadèn sukèng kalbu | aglis têdhak marang nagari | sapraptanirèng praja | rinakitan sampun | cinêkêl Rahadèn Punta | pan linawe dening Ki Tumênggung Têgil | pan karsane nalendra ||

23. Radèn Punta sampun angêmasi | anèng Têgal katur ing nalendra | sakalangkung ing sukane | dadya kalilipipun | Radèn Punta awèta brangti | anèng daganing eyang | marma sutèng ulun | sinêngkalan tunggil warsa | lan panggihe Radèn Sumaningrat singgih | sedane Radèn Punta ||

24. ya ta ing antara gênti warsi | Radèn Arya Sindurêja gêrah | asangêt lajêng sedane | langkung ngungun sang prabu | ing pêjahe rêkyana patih | binêkta Parimana | dènira kinubur | sêmona pan sinêngkalan | buta kalih măngsa jalma duk ing nguni |[240] ganti ingkang winarna ||

25. sri nalendra akarya pêpatih | punggawèng jro Kyai Sumabrata | sampun ingèstrèn dadine | dening wadyabala gung | kang gantèni nayakèng puri | Ki Ăngga ning Suranatan |[241] wis jinujung lungguh | anggêntèni Sumabrata | sinung aran Tumênggung Wiragunèki | asisih Wirarêja ||

26. pan minăngka pêpatih

--- [f. 551v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 71 dari 78

jro singgih | patihirèng jawi Sumabrata | Jêng Pangran Dipati Anèm | sinung wawênang wau | amarentah kang pra dipati | tuwin sagunge wadya | punggawa nung-anung | dadya Patih Sumabrata | Wiraguna barang prakarèng nagari | tur wikan ing pangeran ||

27. tan antora ganti warsa malih | Ki Dipati Urawan pralena | apan tan ana sutane | êmase pinêrtêlu | kang saduman Wirarajèki | saduman Wiraguna | kang sadumanipun | Sarawadi Suranata | wus jinunjung linggihe dene nêrpati | sarya sinungan aran ||

28. Ki Tumênggung Wirasastra nênggih | kang saduman amas[242] Kurawanan | Ki Wirasastra kang duwe | ya ta wau sang prabu | animbali putrane rèki | Pangeran Adipatya | prapta ing kadhatun | anêmbah angaras pada | sri narendra pangandikanira aris | dhuh nyawa sutaningwang ||

29. dèn abêcik gènira akrami | lawan arinira Kapugêran | pan ingsun iki ta êmèh | ana karsa Yyang Agung | pamit ingsun saungkur mami | maring Kang Amaha Mulya |[243] aja kongsi kupur | ing panjênêngira nata | lêstaria aja na kang bèncèng pikir | lan kadang warganira ||

30. poma sutèng ulun Ki Dipati | pamanira dhimas Kapugêran | lan si adhi Pamalange | kulanana satuhu | dene wanti dènira wit sih | wong roro iku uga | minăngka wawêngku [wa...]

--- [f. 552r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 72 dari 78

[...wêngku] | jêjête Dipati Sampang | yèn ta tampah jêjêt wêngku dèn kalisi | măngsa dadia wadhah ||

31. ingsun iki liwat sangking watir | yèn tinggala kaprabon ing sira | durung pracaya jatine | marma sun mandhêk mangu | lamun sira tan angowahi | salire solahira | babo sutèng ulun | rêmpit prakarane praja | akèh lire ratu măngka drêsananing | jalaraning Yyang Sukma ||

32. ingkang putra ingandikan enjing | malah lingsir dènira wilulang[244] | duk samya mugèng panêpèn | Nitipraja winangun | tuwin Jayalêngkara Surti | solahe Nitipraja | kang kinarya wuruk | apan niti wanti-wantya | pinasthika prabu myang sêdyanirèki | kaping tri utamanya ||

33. kang putra winarnèng asmu tangis | tan kawêdal sadalêming driya | anarka yèn sang ramajèng | sampe ing yusyanipun | ingkang putra nêmbah dyan mijil | sapraptanirèng jaba | kadipatèn rawuh | ya ta ing alama-lama | ganti warsa sang nata grah angranuhi | praptèng ing sedanira ||

34. apan[245] sampun karsaning Yyang Widi | grahira tan kêna ngusadan |[246] dilalah prapte sedane | nuju ing dina Saptu | ing Kaliwon Jumadilakir | wayah sirêping rayya[247] | tanggal tiga likur | tahun Alip kang lumampah | sangkalane ardi kalih rasa tunggil |[248] otêr wong Kartasura ||

35. ing jro pura gumêrah kang tangis | Jêng Pangeran [Pange...]

--- [f. 552v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 73 dari 78

[...ran] Dipati sawadya | kinêrik sêgêgamane | kabèh sênjatanipun | baris anèng ing sripanganti[249] | mantri wong jro sadaya | lumêbèng kadhatun | kang layon wus siniraman | garwa nata Ratu[250] Kêncona nungkêmi | myang Ratu Kulon samya ||

36. mugèng dagan Pangeran Dipati | tuwin wayah prasamya nèng dagan | sampun kinapan layone | tangis abota[251] rubuh | abdi dalêm kaparak sami | cêpuri ingubêngan | binarisan tugur | yèn dalu datan winarna | wuse enjang wau Pangeran Dipati | munggèng pintu kapisan ||

37. ingkang wadya kadipatèn sami | pêpêk ing srimanganti sadaya | sarta lawan gêgamane | Prangran[252] Dipati wau | paregolan dèn pinaraki | ing jawi kawarnaa | wadya myung gumuruh | sagunge para prawira | anung-anung punika kang anèng ngarsi | andhèr saos ing karsa ||

38. wong pasisir lan măncanêgari | pan sêdaya munggèng panangkilan | tuwi[253] pangran katigane | Ki Sumabrata matur | marang Kangjêng Pangran Dipati | rama paduka tiga | yun wruh layonipun | dhumatêng wau kang raka | Pangran Pukêr[254] lan Pangran Arya Matawis | katri Pangran Panular ||

39. ngandika lon Pangran Adipati | sakarsane lumêbu ing pura |

--- [f. 553r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 74 dari 78

wong arêp wruh sadulure | dyan Sumabrata mêtu | sampun kari pangeran katri | Pangran Pugêr ing têngah | ri Arya Mêntarum | anganthi mugèng ing kanan | Jêng Pangeran Panular mugèng ing kèri | sapraptanirèng pura ||

40. wau Kangjêng Pangeran Dipati | apan maksih munggèng paregolan | ingkang paman katigane | ngaturan kangjêng ratu | ugyaning kang layon nêrpati | sigra nungkêmi pada | pangran kalih wau | Pangran Pugêr duk sêmana | aningali kang raka kadya ing nguni | agupuh sinungkêman ||

41. sarwi angaras layon nêrpati | kacarita pangadêging kalam | kadya mêksih duk jênênge | nanging tan ana wêruh | Jêng Pangeran Pugêr ningali | ing kalam sri nalendra | ebat jroning kalbu | paningalira pangeran | pucuk kalam ana cahya anêlahi | gêdhene samêrica ||

42. dyan cinêcêp ing pangeran aglis | saicale cahya samarica | kalam mari pangadêge | wus karsane Yyang Agung | yèn nurbuwatira angalih | marang ing Kapugêran | pangran ri kayèku[255] | tan ana wikan ing cahya | iya namung Pangran Pugêr gênti waris | amêngku tanah Jawa ||

43. putra Kangjêng Pangeran Dipati | lamun kongsi madêga nalendra | pan ratu wawêla bae | mangkana pangran wau | ri katiga sarêng amijil |

--- [f. 553v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 75 dari 78

wus prapta panangkilan | punang layon wau | ing kori kidul wêdalnya | pan sinare tunggil wontên ing Manggiri[256] | layone sri nalendra ||

44. kang andhèrèk ing layon nêrpati | mantri gêdhong tinuduh sêdaya | Ratu Kêncona andhèrèk | ambêkta reyal sèwu | kaskayane nata pribadi | dudu wêtune praja | reyal muklis iku | sangking gaota sang nata | lawan Radèn Suryakusuma tinuding | ngiring layoning uwa ||

45. tan winarna wau kang lumaris | kawarnaa Pangeran Dipatya | nimbali Somabratane | prapta ngayunirèku | angandika Pangran Dipati | hèh paran karsanira | ingsun madêg ratu | Ki Sumabrata tur sêmbah | botên mawi utusan dhatêng Kumpêni | tur uning nata seda ||

46. lan marcayakkên paduka gusti | lamun arsa umadêga nata | jêng pangeran ngandikane | yèn uwis madêg besuk | apracaya luwih abêcik | ing mangko sun tan arsa | yèn awèha wêruh | lah uwis sira mêtua | lan sakèhe pra niyaka aja mulih | sun lagi akampuhan ||

47. Ki[257] Sumabrata matur nêmbah mijil |[258]

--- [f. 554r][259] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 76 dari 78

Jêng Pangeran Dipati siyaga | wong kaparêk mêtu kabèh | wus tata unggyanipun | tan kaliru ênggyane rèki | sêntana myang prawira | prawira nung-anung | pasisir măncanagara | pêpêk andhèr kang sewaka păncaniti | jêjêl tanpa wilangan ||

48. pêngulu kêtib kalawan modin | Suranata andhèr ing ngayunan | para kaji pêpêk kabèh | myang Pangran Sarip wau | gurunipun sinuhun syargi | prayayi sangking Arab | kala rawuhipun | kalangkung sinuba-suba | duk sêmana mêntas nyalatakên sami | lajêng mring panangkilan ||

49. Suranata kêtib lawan modin | pan sapalih umiring mring layyan | kang kantun sewaka kabèh | wong dalêm kinèn ngumpul | dening Kangjêng Pangran Dipati | sakèhe kang ampilan | sadaya angumpul | jêng pangeran nulya mêdal | Pangran Pugêr amêthuk anèng sitinggil | tundhuk lawan kang putra ||

50. kandhêk anèng wetane sitinggil | pangran umatur marang kang paman | ing karsa kawula mangke | idi paduka jurung | ing kaprabon kawula mangkin | kang paman lon aturnya | pan sandika ulun | saksana sarêng tumêdhak | sangking sitiluhur dhatêng păncaniti | pangeran wus pinarak ||

51. ing dhampar mas ampilan mêrapit | pan salire kabèh pawiyosan | duk ramanta pêpêk kabèh | Pangeran Pugêr wau | nèng wurine Pangran Dipati | ngadêk sarwi ngandika | Pangran Pugêr asru | hèh sagung wong Kartasura | pra niyaka măncanagara pasisir | padha angèstrènana ||

52. lamun sutèng ulun Ki Dipati | ulun jungjung umadêg nalendra | dèn samya ngèstokna kabèh | wadya pra niyaka gung | apan saur kukila sami | dyan sira Somabrata | dènnya nyêntak asru | hèh andika pindho karya | aja kudu dika adêkna nêrpati | anggèr Pangran Dipatya ||

53. pan sampun madêk [madê...]

--- [f. 554v] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 77 dari 78

[...k] nata pribadi | Pangran Pugêr langkung dènnya wirang | tanpantuk ing pangèsthine | ing sadalêming tyasipun |[260] atêngawut sanjroning ati | ya Alah ngudubilah | pangeran wus mupus | rêrêp sadalêming driya | jêng pangeran duk lunggyèng nunggil kang rayi | Pangran Arya Mêtaram ||

54. kang umiyat samya marmèng ati | Somabrata dyan mangsah manêmbah | ing pada sang prabu anom | gêntya para tumênggung | pan sadaya samya ngabêkti | tuwin măncanagara | samya ngaras suku | miwah Adipati Sampang | Surabaya agênti pangeran katri | samya asêsalaman ||

55. tan adangu kondur sri bupati | ginarêbêg ing para biyada | asri tinon ing jênênge | wus prapta ing kêdhatun | sakathahe wong dalêm puri | amêthuk sri nalendra | syaranira umyung | sang nata lajêng pinarak | prabayaksa ingkang ibu dèn aturi | Jêng Ratu Kulon prapta ||

56. sri nalendra sigra angundhangi | marang sakèhe wong dalêm pura | yèn Ratu Agêng ibune | sampun mupakat wau | ing sagunge wong dalêm puri | yèn Ratu Kilèn ika | asilih jêjuluk | Ratu Agêng ingkang nama | pan kacatur putra nata mung sasiki | garwa lyan tan pêputra ||

57. atanapi ingkang para sêlir | pan kacatur yèn kala awawrat | jangkêp ing tigang wulane | yèn Ratu Kulon wau | amiyarsa wawrat kang sêlir | anulya pinaranan | sinanjan wismèku | dumadak wawratan ilang | iya sangking Ratu Kulon anjampèni | dursila ing jro driya ||

58. ya ta ngandika sri narapati | mring parêkan sira dhawuhêna | timbalan ingsun dèn age | mring Somabrata iku | sakathahe para dipati | padha mêkajangana | yèn wus pitung dalu | sidhêkahe kangjêng rama | iku padha muliha para dipati | ngungkurna panangkilan ||

--- [f. 555r] ---

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042 (Pupuh 137–149): Citra 78 dari 78

149. Pangkur

1. parêkan tur sêmbah mêdal | sapraptane wau ing păncaniti | dyan dhinawuhakên gupuh | marang ing Somabrata | pan sandika Somabrata aturipun | apan sampun ingundhangan | sakathahe pra dipati ||

2. datan winarna sêmana | praptèng dina Soma nata tinangkil | kang wadyabala supênuh | andhèr ing panangkilan | wong kaparêk tan kaliru pêrnahipun | ugyanira sowang-sowang | kadya pawiyosan syargi ||

3. sang nata munggèng dhêdhampar | angandika marang rêkyana patih | hèh Si Sodama sun jungjung | linggihe sangking ngandhap | apan ingsun sêngkakakên ing aluhur | pan ingsun karya wêdana | wêdanane wong panumping ||

4. lawan sun paringi aran | Si Ariya Madurêja anênggih | Somabrata nêmbah matur | jumurung karsa nata | wontên abdinira kadipatèn wau | apan paranakan Cina | têtiyang sangking Sêmawis ||

5. langkung dene kinasihan | tinariman dening sri narapati | ingangkah sudara tuhu | aran Ki Pusparaga | sutanipun Radèn Mangunrana iku | kang kinarya têtarihan[261] | dènira sri narapati ||

6. saha kinulawisuda | pan kinarya sêntana sinung linggih | apan gawene wong sèwu | tri atus sinung aran | Ki Tumênggung Jayaningrat ki tumênggung | kagugu saaturira | ngapura yèn dosa pati ||

7. sang nata malih ngandika | Somabrata sira wèha upêksi | maring Si Kumêndur Sêlut | Driyansah ing Jêpara | lawan maring Si Kapitan Kênol iku | lamun kangjêng rama seda | ingsun kang madêk nêrpati ||

8. ingkang jagani Sêmarang | apan maksih Si Kênol durung salin | dimon laju surat ingsun | marang nagri Jakarta | Ki Tumênggung Somabrata nêmbah matur | pukulun inggih sandika | wus matah kaliwon Jawi ||

 


sinêsêlan. Bandingkan: jinêjêl (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.1.3;Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 214.15.3; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 23.1.3). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: kalosodan tobat-tobat sambatipun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.1.5); tobat-tobat Radèn Sukra sambatipun (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 214.15.5); Radèn Sukra tobat-tobat sambatipun (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 23.1.5). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Sukra nangis ngrungkêbi siti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.2.2); Radèn Sukra niba gumuling siti (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 214.16.2). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: panakawane marani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.2.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 214.16.7). (kembali)
ginendhong (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.3.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 214.17.1). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: awlas kang samya ningali (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.3.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 214.17.7). (kembali)
lampus (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.8.3). (kembali)
kabênêran (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.8.5). (kembali)
Lebih dua suku kata. Bandingkan: wis bubuhaning kawula (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.8.6). (kembali)
10 lamun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.10.2). Bandingkan: yèn (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 120.10.2); ywan (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 23.12.2). (kembali)
11 Kurang satu suku kata. Bandingkan: animbali pamomongira kalih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.11.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 214.23.2). (kembali)
12 Singananda (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.11.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 214.23.3). (kembali)
13 Patrawisa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.11.4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 214.23.4). (kembali)
14 kinubon. Bandingkan: kinêbon (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 214.24.3); gumingsir (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.12.3). (kembali)
15 Kurang dua suku kata. Bandingkan: ana ing Kapugêran (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.12.4); apa ing sababira (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 214.24.4). (kembali)
16 Lebih satu suku kata. Bandingkan: kawon dening wong pundhutan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.13.1). (kembali)
17 Kurang dua suku kata. Bandingkan: malah sabên sontên nênggih radèn ayu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.14.5); sanjang bilih sabên sontên sang rêtna yu (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 214.26.5). (kembali)
18 Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
19 gêgarutan. Bandingkan: gêgarudhan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.17.3). (kembali)
20 Lebih satu suku kata. Bandingkan: arja dhuwung sarungan pêltuk wilis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.18.2). (kembali)
21 angêpyah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.19.6). (kembali)
22 Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
23 sinatru (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.22.5). (kembali)
24 saengga. Bandingkan: sèngga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.23.1). (kembali)
25 winor (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.24.2). (kembali)
26 Lebih satu suku kata. Bandingkan: pantês dadya la-êla (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.24.4). (kembali)
27 Kurang satu suku kata. Bandingkan: apan lagya sinurèng marang dasih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.25.2); mêntas siram pan lagya dèn surèni (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 23.24.2). (kembali)
28 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
29 tanpa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.31.1). (kembali)
30 prakakang-prakukung (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 121.6.6; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 24.7.6). Bandingkan: pêrkangkang-pêrkungkung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.7.6). (kembali)
31 Patrawisa (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 24.14.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.13.2). (kembali)
32 Kurang satu suku kata: sêmut abang wêwungkusan. (kembali)
33 sitarêsmi. (kembali)
34 Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
35 Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn èstu ikang pawarti (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 24.25.1). (kembali)
36 apan. (kembali)
37 Kurang satu suku kata. Bandingkan: dados trahing waliyolah (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 24.25.2). (kembali)
38 Lebih satu suku kata: yèn mênggah sami cakipun. (kembali)
39 Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
40 Bandingkan: dibyèng anyidra (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 25.2.6); nate anyidra (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 217.2.6). (kembali)
41 Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
42 Kurang satu suku kata: nangis sapisan iki. (kembali)
43 Lebih satu suku kata: ingsun tan kudu iya. (kembali)
44 Biasanya guru lagu i: mami. (kembali)
45 Lebih satu suku kata: miring mrêp padha miring. (kembali)
46 sabukira (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 122.9.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 217.9.1). (kembali)
47 cêlubakên (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 217.9.7). (kembali)
48 salêbête. (kembali)
49 malbèng. (kembali)
50 Lebih satu suku kata: têtêk tuhu liwêran. Bandingkan: babênce aliwêran (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 25.12.4). (kembali)
51 langonsari. (kembali)
52 Kurang satu suku kata: Rahadèn Sukra winarni. (kembali)
53 Kurang satu suku kata: wus prayitna wau rahadèn kalihnya. Bandingkan: wus prayitna sadaya kang para putra (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 217.18.1). (kembali)
54 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Sukra lumayu aglis (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 217.19.2). (kembali)
55 Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
56 Lebih dua suku kata. Bandingkan: praptèng jaba wau Radèn Ăntawirya (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 217.23.1). (kembali)
57 Lebih satu suku kata. Bandingkan: dene akumawani (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 217.23.7). (kembali)
58 Lebih satu suku kata. Bandingkan: dadya lok kewala (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 122.21.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 217.24.3). (kembali)
59 Lebih satu suku kata: manawi malbèng warih. Bandingkan: manawi gêbyur kali (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 217.27.7). (kembali)
60 Kurang satu suku kata. Bandingkan: sangsaya angranuhi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 217.28.7). (kembali)
61 angênuri (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 217.29.7). (kembali)
62 Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
63 Kurang satu suku kata: anggolèka sira biyang prasanakan. Bandingkan: rika biyung alurua pasanakan (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 25.27.1). (kembali)
64 Kurang satu suku kata: Nyai Gari umatur dhatêng rahadyan. Bandingkan: êmbanira umatur inggih sandika (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 25.28.1). (kembali)
65 Lebih satu suku kata: aturna layang mami. (kembali)
66 Catatan: la pasangan nga lêlêt. (kembali)
67 binaud. (kembali)
68 Kurang satu suku kata: cêmpaka binaud asri. Bandingkan: capaka ginubah ngrawit (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 218.8.2). (kembali)
69 Lurang satu suku kata: sang rêtna wêcana aris. Bandingkan: saksana ngandika aris (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 218.8.4). (kembali)
70 dipênthung. (kembali)
71 anangsayèng. (kembali)
72 hèh (dan di tempat lain). (kembali)
73 Biasanya guru lagu i: akêkirim. (kembali)
74 rungokna. (kembali)
75 wirong. (kembali)
76 dadya. (kembali)
77 Kurang satu suku kata: kapanggiha ing êrong awani. (kembali)
78 Kurang satu suku kata: adhuh pralena kawula gusti. (kembali)
79 ajêng (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 28.3.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 124.3.6). (kembali)
80 Terdapat dobel sandangan: mojar atau mujar. (kembali)
81 wuri (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 28.5.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 124.5.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 220.6.2). (kembali)
82 rinanjam. Bandingkan: dèn ranjam (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 28.7.9). (kembali)
83 Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong dèn ranjam katon binalangan kêmbang (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 28.7.9). (kembali)
84 jêne. (kembali)
85 Kurang satu suku kata: bibis ingkang saba tasik. (kembali)
86 pancadan. (kembali)
87 wit. (kembali)
88 kagèt (dan di tempat lain). Bandingkan: kagyat (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 220.8.3). (kembali)
89 Sukra (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 220.9.7). (kembali)
90 anggris. (kembali)
91 Lebih satu suku kata: sêmbagi lawan pêtani. Bandingkan: sêmbagi lawan pêlangi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 220.11.4). (kembali)
92 Kurang satu suku kata: langkung marwatasuta. (kembali)
93 gêguling (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 28.16.4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 220.13.4). (kembali)
94 Kurang satu suku kata. Bandingkan: akrodha nacah ing wastra (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 124.15.3). (kembali)
95 bibi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 125.1.5). (kembali)
96 Kurang satu suku kata: rahadèn mêling punapa. Bandingkan: punapa timbalan radyan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 125.1.8). (kembali)
97 têtêgêse. (kembali)
98 Lebih satu suku kata. Bandingkan: yam-yam tilam juwitaning sari-sari (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 221.4.9). (kembali)
99 Lebih satu suku kata: dhuh radèn udhunêna. (kembali)
100 Lebih satu suku kata: wastranira tumanduk. (kembali)
101 arinta. (kembali)
102 lathya (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 221.10.8). (kembali)
103 Kurang satu suku kata. Bandingkan: timbalana yayi êmas (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 125.11.8); bocah sira timbalana (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 221.12.8); ngandika lah timbalana (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.14.8). (kembali)
104 Terdapat dobel sandangan: Suryakusuma atau Seyakusuma. (kembali)
105 Lebih satu gatra: gatra ke-8 (8a) atau ke-9 (8a). (kembali)
106 tan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 221.17.4; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.19.4). (kembali)
107 kênèng. Bandingkan: kêna (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 221.18.2). (kembali)
108 locana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 125.17.8; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.20.8). (kembali)
109 kaduluran (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 221.19.10). Bandingkan: kasêmbadan (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.20.10). (kembali)
110 sêmbah (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 221.22.10). (kembali)
111 Lebih satu suku kata. Bandingkan: sagunung Lawu gêdhene (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.24.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 125.21.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 221.23.3). (kembali)
112 Lebih satu suku kata. Bandingkan: binêdhola kinarya sasrahan benjing (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 221.23.9); binêdhola ginawe tukoning kami (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.24.9); ginawea têtukon marang ing kami (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 125.21.9). (kembali)
113 urup (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.27.5). Bandingkan: nurut (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 125.24.5). (kembali)
114 Lebih satu suku kata. Bandingkan: urup wastra myang urup sari (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.27.5); nurut wastra kirim-kinirim (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 125.24.5). (kembali)
115 Kurang satu suku kata. Bandingkan: padha umiyat ing larèn jêmbar (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.31.2); padha dulu lêlarèn kang jêmbar (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 221.30.2). (kembali)
116 Lebih satu suku kata. Bandingkan: kang nginggalakên prapta (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.32.6); kang ngegalakên prapta (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 125.29.6). (kembali)
117 bodhoni. (kembali)
118 Kurang tiga suku kata. Bandingkan: parêkane umatur sarwi anangis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.35.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 125.32.9). (kembali)
119 pratmaja. (kembali)
120 enya-enya. (kembali)
121 Lebih dua suku kata: nanging regole sampun kinunci. Bandingkan: lawang regol pan sampun kinancing (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.42.1). (kembali)
122 gangsul. (kembali)
123 Kurang dua suku kata. Bandingkan: sadaya wus katur (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.43.7). (kembali)
124 Kurang satu suku kata. Bandingkan: parèbu para inya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.130.5); sagunging pra wanudya (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 222.24.5). (kembali)
125 Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
126 kalumpukêna (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 30.8.3). Bandingkan: kêlumpukana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 126.8.2). (kembali)
127 rêtna (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.134.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 222.28.1). (kembali)
128 siningsêtan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.135.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 222.29.7). (kembali)
129 Lebih satu suku kata. Bandingkan: mirah selan nêm kêmbaran (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 30.13.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.138.2); mirah sela nêm kêmbaran (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 126.13.2). (kembali)
130 sagagragan (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 30.14.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.139.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 126.14.2). (kembali)
131 Kurang satu suku kata. Bandingkan: ingkang saparo salaka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.139.7); yayi padha aturêna (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 30.14.7); padha sira aturêna (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 126.14.7). (kembali)
132 cindhe (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.140.2). (kembali)
133 Kurang satu suku kata. Bandingkan: uwis mara ariningsun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.140.6). (kembali)
134 sangkan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.141.4). (kembali)
135 Bandingkan: sang rêtnaning dyah wus niba (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.141.7); cumêkik sarêng aniba (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 30.16.7); lajêng layaran palastra (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 126.16.7). (kembali)
136 anarka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.147.1; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 30.22.1). (kembali)
137 Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
138 paribasa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 126.25.2). Bandingkan: paribasan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.150.2); bêbasan (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 30.25.2). (kembali)
139 Lebih satu suku kata. Bandingkan: kon nimbali pra dipati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.151.1). (kembali)
140 măncanêgari. (kembali)
141 Kasindurjan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 126.28.1). (kembali)
142 wrat trêsnèng. (kembali)
143 Kurang satu suku kata. Bandingkan: kawratan asih mring sunu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 122.155.6). (kembali)
144 Kurang satu suku kata. Bandingkan: tansah ingampah ing wadya (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 30.31.4). (kembali)
145 Lebih satu suku kata: myarsa sêmara linawe. (kembali)
146 Mulaih ganti tangan. (kembali)
147 priyataka (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 127.1.5). Bandingkan: priyantaka (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.1.5). (kembali)
148 Lebih satu suku kata. Bandingkan: panèkêt ing wuri ji (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 127.2.2); lan panèkêtirèki (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.2.2). (kembali)
149 Biasanya guru lagu a: narendra. Bandingkan: nata (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.2.3). (kembali)
150 miyăngga (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.3.1). (kembali)
151 karbin. (kembali)
152 Lebih satu suku kata: karbin sikêpira. (kembali)
153 Kurang dua suku kata: ing kiwane anisihi. Bandingkan: Jagabaya anisihi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 127.3.5). (kembali)
154 Sangkragnyana. Bandingkan: Nyangkragnyana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 127.3.6). (kembali)
155 panah. (kembali)
156 Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing alun-alun baris (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.1.7). (kembali)
157 Lebih satu suku kata. Bandingkan: apa wartaning jawi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.8.2). (kembali)
158 abdi dalêm (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.8.5). (kembali)
159 Lebih satu suku kata: Arya Sindurja. (kembali)
160 pangkyaning. (kembali)
161 Kurang satu suku kata: sang nata angandika. (kembali)
162 wora-wari. (kembali)
163 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: Sumabrata umatur mring sri narendra. Bandingkan: Ki Tumênggung Sumabrata tur pranata (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.10.1). (kembali)
164 Teks asli kurang jelas. (kembali)
165 Kurang lima suku kata, dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: timbalana rènisun Dyan Ayu Pucang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 127.9.1). (kembali)
166 Kurang satu suku kata. Bandingkan: lawan măncanêgara (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 127.9.4). (kembali)
167 Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing Kasindurjan aglis (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 127.9.7). (kembali)
168 Kurang satu suku kata: jumrajog angêpung wani. (kembali)
169 Kasindurêjan. (kembali)
170 Lebih satu suku kata: galedhegan Kasindurjan ingindhêban. Bandingkan: galedhegan kinêpung sampun akapang (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.8.1). (kembali)
171 Lebih dua suku kata, dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: lan Nyai Suwănda (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.8.3). (kembali)
172 Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
173 Lebih satu suku kata: kukuming sutèngwang. (kembali)
174 Kurang satu suku kata: sang dyah wus anarka. Bandingkan: panarkaning driya (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.13.3). (kembali)
175 nata langkung. (kembali)
176 anêsêp-nêsêp (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.17.5). (kembali)
177 Lebih satu suku kata. Bandingkan: lawan ingkang garwa (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.18.3); kalawan kang garwa (Javaansch-Nederduitsch Woordenboek, Gericke en Roorda, Pupuh 127.18.3); lawan ingkang gêrwa (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.22.3). (kembali)
178 Sumabrata (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.19.1; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.23.1). (kembali)
179 lan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.19.4). (kembali)
180 Lebih satu suku kata. Bandingkan: wus panggih lan rahadyan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.19.4); kamandhungan dyan patya (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.23.4). (kembali)
181 Teks asli kurang jelas. Bandingkan: mêtoni (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.23.5); mijil (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.27.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 127.22.5). (kembali)
182 muwêr (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.27.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 127.22.7). (kembali)
183 Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
184 Lebih satu suku kata. Bandingkan: arsa bujuk lêboni (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 127.28.7); arsa ambujuk aris (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.32.7). (kembali)
185 Lebih satu suku kata. Bandingkan: umatur saha sêmbah (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 127.37.4). (kembali)
186 Kurang satu suku kata. Bandingkan: wau Rahadèn Sukra (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.44.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 127.40.4). (kembali)
187 Kurang satu suku kata: sri nalendra alon andikane. Bandingkan: sri narendra angindika [angandika] kiye (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.4.3). (kembali)
188 Kurang satu suku kata. Bandingkan: mêdal saking ing jro pura age (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.6.3). (kembali)
189 Kurang satu suku kata. Bandingkan: sapraptane ing dalêming rèki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.8.1); kang lumampah prapta ing wisma glis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.8.1). (kembali)
190 Kurang satu suku kata. Bandingkan: mulat marang suta kunarpane (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.8.3); mulat ikang suta kunarpane (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.8.3). (kembali)
191 Kurang satu suku kata. Bandingkan: ya ta kawarnèng pura sang aji (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.11.4); kawarnaa wau sri bupati (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.11.4). (kembali)
192 Lebih tiga suku kata. Bandingkan: lampahira Nyai Suwănda glis (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.12.4). (kembali)
193 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Nyai Suwănda glis (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.13.5). (kembali)
194 Lebih dua suku kata. Bandingkan: wadyèng Pasuruhan kang sapalih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.22.1). (kembali)
195 Sêcanrangbaya (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.24.3). (kembali)
196 Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Adêrmbayuda galongani (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.25.1); wong Drêmayuda wastanirèki (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.25.1). (kembali)
197 Potha-pathi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.29.5; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.29.5). (kembali)
198 Panatasron (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.30.2). Bandingkan: Panatasingron ( Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.30.2). (kembali)
199 Selamanglèng (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.32.3; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.32.3). (kembali)
200 Kurang satu suku kata. Bandingkan: Ki Ngabèi Êlor (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.35.2). (kembali)
201 abyor. Bandingkan: ambyor (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.37.2). (kembali)
202 miyăngga (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.39.1). (kembali)
203 nyangkragnyana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.39.4). (kembali)
204 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Jagabaya Nyangkragnyana kering (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.39.4). (kembali)
205 Lebih satu suku kata. Bandingkan: ari nata tri mugèng ngarsane (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.41.3). (kembali)
206 Biasanya guru lagu o: mungsoh. Bandingkan: musoh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.51.2). (kembali)
207 Bandingkan: tuduh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.52.1). (kembali)
208 Lebih satu suku kata. Bandingkan: kondur malbèng puri (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.54.5). (kembali)
209 Lebih satu suku kata. Bandingkan: praptèng sitigil sang narpa nolèh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.55.3). (kembali)
210 Lebih satu suku kata. Bandingkan: hèh Suwănda timbalana adhi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.55.4). (kembali)
211 Lebih satu suku kata. Bandingkan: lan Sindurêjèku (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.55.6). (kembali)
212 Kurang satu suku kata. Bandingkan: wau sira kang bupati katri (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.57.4). (kembali)
213 Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
214 Lebih satu suku kata. Bandingkan: kados punapa ênggèn anglèsi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.63.1). (kembali)
215 Kurang satu suku kata: angambanga bae ing jaladri (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.66.4); ngambanga bae anèng jaladri (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.65.4). (kembali)
216 jangji. (kembali)
217 musuhira tonjokên (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.75.4). (kembali)
218 Bandingkan: Jayawirya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.2.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.2.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 123.89.2). (kembali)
219 Bandingkan: sêmana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.3.2); sami (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 123.90.2). (kembali)
220 kore (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.8.1). (kembali)
221 Bandingkan: rahab (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.8.2). (kembali)
222 Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing wuri sira Radyan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.10.4). (kembali)
223 muksa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.22.6). Bandingkan: muksèng (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 33.20.6). (kembali)
224 angutus (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.25.3). (kembali)
225 ngilèn (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.25.4). (kembali)
226 pinrêp. Bandingkan: binrêg (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.26.1). (kembali)
227 Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing Samawis maksih petor jagani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 123.115.2); kang jagani loji anyar Sêmawis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 33.29.2). (kembali)
228 Sujanapura (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.38.6). (kembali)
229 nindhihi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.41.1). (kembali)
230 Samirana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.51.2). (kembali)
231 Bandingkan: gumulung (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.51.5). (kembali)
232 kapitèng (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.2.10; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.2.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.1.10). Bandingkan: kampita (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.2.10). (kembali)
233 Terdapat tanda titik sekitar tujuh (7) kali antara "lakunirè" dan "ki". (kembali)
234 Tanggal: wong ningali obahing bumi (AJ 1621). Tahun AJ 1621 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Juli 1697 sampai dengan 9 Juli 1698. Lihat juga: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.5.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.6.5; dan bandingkan: janma miyat obahing bumi (AJ 1621) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.6.5). Sangkala ini mengacu pada masa sakit keras Susuhunan Kartasura yang menyebabkan lumpuh total dan tidak mampu bergerak. (kembali)
235 mêdali (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.10.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.12.9). (kembali)
236 Tanggal: mantri roro rêtu tunggal (AJ 1623). Tahun AJ 1623 jatuh antara tanggal Masehi: 29 Juni 1699 sampai dengan 18 Juni 1700. Lihat juga: tri pinêksa rasaning rat (AJ 1623) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.13.8–9); mantri roro rasa tunggal (AJ 1623) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.11.8); mantri kalih rêtu tunggal (AJ 1623) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.13.8). Sangkala ini mengacu pada upacara khitan untuk tiga anak lelaki dan pemotongan rambut (tugêl kuncung) bagi seorang anak perempuan dari keluarga istana. (kembali)
237 Tanggal: warnaning buja angrasa wani (AJ 1624). Tahun AJ 1624 jatuh antara tanggal Masehi: 19 Juni 1700 sampai dengan 7 Juni 1701. Lihat juga: warna sikara ngrasani wani (AJ 1624) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.17.1); catur boja rêsmi tunggil (AJ 1624) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.17.1). Bandingkan: warna bujăngga ngrasani wani (AJ 1684); (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.17.1); warna bujăngga angrasa wani (AJ 1684) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.15.1); sepertinya kata "bujăngga" dalam sangkala tersebut dengan watak bilangan delapan (8) salah. Sangkala ini mengacu pada pernikahan resmi antara Pangeran Dipati Anom dengan Radèn Ayu Ipun, yang merupakan kerabat dekat dari Ratu Kêncanan. (kembali)
238 Biasanya guru lagu e(o). Bandingkan: sadhèrèke (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.17.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.19.3); dhingine (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.19.3); sadhèrèk (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.19.3). (kembali)
239 Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
240 Tanggal: buta kalih măngsa jalma (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. Lihat juga: buta kali [kalih] ngrasa tugil (AJ 1625) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.24.9) buta kalih ngrasa tunggil (AJ 1625) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.22.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.24.9). Sangkala ini mengacu pada wafatnya dua tokoh penting: Radèn Punta dan Patih Arya Sindurêja, yang terjadi dalam tahun yang sama. (kembali)
241 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Ănggasuranata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.23.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.25.6); Ki Ăngga Suranata (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.25.6). (kembali)
242 ampas (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.26.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.28.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.28.2). (kembali)
243 Lebih satu suku kata. Bandingkan: mring Kang Amaha Mulya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.29.6); mring Hyang Kang Maha Mulya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.27.6); darapon lastaria (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.29.6); ywan ingsun wus palastra (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.29.6). (kembali)
244 winulang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.32.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.32.2). (kembali)
245 Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
246 Kurang satu suku kata. Bandingkan: gêrahira tan kêna ngusadan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.34.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.36.2); sangêt datan arsa ingusadan (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.34.2). (kembali)
247 raryya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.34.6). Bandingkan: janma (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.36.6); bocah (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.34.6). (kembali)
248 Tanggal: Saptu Kaliwon (Sêtu Kliwon) tiga likur (23) Jumadilakir Alip: ardi kalih rasa tunggil (AJ 1627). Tanggal Masehi: Minggu 4 November 1703. Perbedaan satu hari (Sêtu versus Minggu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. Sangkala ini mengacu pada tahun wafatnya Amangkurat II, Susuhunan Mataram dan Kartasura (bertakhta 1677–1703). Lihat juga: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 130.34.4–9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.36.4–9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 148.34.4–9; gora padha otêr wong (AJ 1627) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.34.9); BTJ van Dorp (Jilid 4 hlm. 190); BTJ Meinsma (1874 hlm. 482). (kembali)
249 Bandingkan: srimanganti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.37.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.35.5). (kembali)
250 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
251 ambata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.38.4). (kembali)
252 Pangran (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.37.4). (kembali)
253 tuwin (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.38.3). (kembali)
254 Pugêr (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.38.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.38.9). (kembali)
255 karyèku (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.42.7). (kembali)
256 Magiri (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.44.9). (kembali)
257 Mulai dari pergantian bait dan kata pertama ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
258 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Kya Sumabrata tur sêmbah mijil (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.47.1); nêmbah Patih Sumabrata mijil (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.47.1). (kembali)
259 Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
260 Lebih satu suku kata. Bandingkan: sadalêming tyas muwus (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.53.4). (kembali)
261 Bandingkan: têtariman (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 131.5.6). (kembali)