Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033 (Pupuh 31–42)
| 1. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033 (Pupuh 01–09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
| 2. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033 (Pupuh 10–22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
| 3. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033 (Pupuh 23–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
| 4. | Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), 1764, #1033 (Pupuh 31–42). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 150r lanjutan] ---
31. Asmaradana
1. Mas Bênawa bubar sami | mêtu wetan saha bala | Senapati bubar mangke | ingiring wong pamajêgan | wolung èwu kapalan | wong kajoran kawan èwu | wadya ing Mataram dhomas ||
2. prajurit bèr wanènnèki | ikang ngiring Senapatya | sarta anitih kudane | awasta Puspakancana | napas madu ulêsnya | sing Tubin nenemanipun | pangrasane Senapatya ||
3. sabendha wiyaring bumi | datan ana kang tinaha | sampun kalêm ing asmane | sakathahe nusya Jawa | mêdal sakèthèng kilyan | Senapati tan winuwus | ucapên Dipati Dêmak ||
4. anata balane sami | padha mugaha ing lakar | wong Dêmak wong Kudus kabèh | lan sakèhe têtêbusan | ngagêm bêdhil mimis mas | wong sijine bakta nyèwu | lamun Senapati prapta ||
5. iki ansahêna[1] sami | Senapati ing Mataram | têguh bujana kulite | mimis timah tan tumama | wadyanya [wa...]
--- [f. 150v] ---
[...dyanya] sami migah | i lakar prayitnèng kewuh | wadya ing Mataram prapta ||
6. jawining kitha angrapid[2] | ginarudug ing sanjata | lir jawuh mimis tibane | kasayahên wong Mataram | angisis gêgamannya | nglela Senapati wau | kang kari anging santana ||
7. lan Ki Juru Amartani | myang Dipati Madaraka[3] | kinarutug bêdhil akèh | ikang amimis kancana | salaka lawan timah | tawok lêmbing lawan busur | suligi lawan sarampang ||
8. Senapati tan gumingsir | jaja pan kadi rinêngga | mimis kancana kang gèpèng | salaka kadi parada | kuda Puspakêncana | ulêsipun napas madu | pan dadi dhawuk samana ||
9. Senapati wus angrampid | anèng sabaning kitha |[4] tinêtêgan ing pitune[5] | Sang Senapati kewuhan | na pawong sanakira | tinênggênah tugu pitu | Kyai Gêdhong wastanira ||
10. matur saking jroning kari | punapa tarsa[6] paduka | ulun mêngani karine[7] | nging kawulakna manira | pakanira ku sapa | gih pun Gêdhong wasta ulun | anaosi karsa ulun | Senapati emut lamun | pawong sanakira lawas ||[8]
11. apan nugil băngsa èlmi | sampun amêngani lawang | Ki Gêdhong cundhuk ngarsane | Senapati angandika | nibakakên wasiyat | ing saturun-turun ingsun | lawan turun pakanira ||
12. têdhak isun dadya aji | turunira ngêmbanana | aja salaya sirnane | Ki Gêdhong nuli wotsêkar | tan kawawi narima |
--- [f. 151r] ---
pasihanira pan agung | punapa walês kawula ||
13. kula nuwun magut jurit | wong Pajang maksih akathah | baris ngalun-alun gène | kalawan wong têtêbusan | Bali Bugis Makasar | sakala padha lumayu | angusi jro ing kadhatyan ||
14. matur lamun Senapati | wus malêbu jroning kitha | wus bêdhah kari kang kile[9] | Dipati Dêmak su[10] duka | dhatêng wong tatêbusan | ature lakung atêguh | sakèh mimis tan tumama ||
15. Dipati Dêmak sru runtik | hèh kabèh padha balia | tan angrasa sira kabèh | yèn sira têbusan iwang | sun kêthoki ta sira | mring Senapati Matarum | wadyanira samya mangkat ||
16. wong têbusan nora kari | padha sêdya ngamuk sira | saking wêdine gustine | Ki Gêdhong ngamuk wong Pajang | kathah kanin myang pêjah | wus untung karoban mungsuh | Ki Gêdhong sampun palastra ||
17. sampun karsani Yyang Widi | salaminira tinitah | tan pasah dening brajane | aningali Senapatya | lamun Ki Gêdhong pêjah | adhuh pawong sanak ingsun | dening ta nuli pralaya ||
18. durung wruh raose iki | banyu lawan sêganiwang | kasêlak ngêmasi mangke | lah sasabana lêlicak[11] | Senapati dyan mangsah | datan atêbah Ki Juru | kalawan para sêntana ||
19. kinarutug dening bêdhil | tan gumingsir Senapatya | kadi pinrada jajane | pan dadi pêpaèsira [pêpa...]
--- [f. 151v] ---
[...èsira] | Senapati ngandika | apa si kang sira rêbu[12] | sira kapati milu prang ||
20. pan dudu jamanmu iki | sira pan wong têtêbusan | padha lumayua kabèh | sira padha mardikaa | sakarsa-karsanira | wetan punika gustimu | adipati ing Banawa ||
21. sakèhe kang para mantri | kalawan wong têtêbusan | prasami lumayu kabèh | angusi lawang kang wetan | Senapati Anglaga | malêbêt ing alun-alun | prasami anitih kuda ||
22. anêkung luhuring wajik | pan kadi wong asupêna | mêrêm punika lampahe | wong Kudus lawan wong Dêmak | niba tangi lumayya | pangrasane dipun amuk | mring Senapati Anglaga ||
23. kèh mati de gamannèki | wadya Pajang sampun sirna | Kya Juru pangandikane | Ki Bayi kêna punapa | wong aprang têka nedra | mêsahira sampun larut | Senapati angandika ||
24. saking kawula puniki | nora sêdya angrusaka | mring sultan anak putune | Ki Bayi wus karsaning Yyang | pakanirèku darma | anurut karsa Yyang Agung | wontên tên ta kaum satugal |[13]|
25. bêktan saking Dêmak uni | apan dadi suranata | mapan migah witanane | saryya agawa sanjata | Senapati gya prapta | binêdhil sing witanèku | tumênga Ki Senapatya ||
26. sira kaum salah kardi | arêp dadi apa sira | sarwi ginêbug tubake | dawir kupinge wus pêjah | Senapati wus prapta | lawang [la...]
--- [f. 152r] ---
[...wang] wêkasan agupuh | sang putri mapag ing lawang ||
27. saryya nukêmi anangis | sêsambate amlasarsa | kakang punapa karsane | Senapati angandika | yi sira tanpa ngrasa | wong wadon apaksa luwung | kudu paksa dadi nata ||
28. nora patut sira èstri | arinira ikang lanang | ya pantês dadia katong | sang putri nangis alara | angraos kalêrêsan | kathah-kathah sambatipun | isun têdha uripana ||
29. kangkang[14] rayi dika iki | kadhaton katur punika | lan sakèh rajabranane | Senapati angandika | mêko di bajonira[15] | igih wontên jro kadhatun | lah cêkêlên bajonira ||
30. sang putri nulya nglampah |[16] Dipati Dêmak tan ola | binada sabuke cidhe[17] | wus katur mring Senapatya | yayi sira mantuka | ing Dêmak pan nagaramu | ing Pajang dudu gonira ||
31. Ki Bênawa kang darbèni | agêntènana jêng sultan | sira muliha dèn age | ingsun agawêni[18] wadya | nulya aglis lumampah | Senapati wus malêbu | barkatan kapa cinandhak ||
32. Ki Gathayu dipun sunggi | piyambak binakta mêdal | turune tan purun ngage | punika mila-milanya | wus kangge kang kêkapa | ing Puspakancana iku | dyan ngaturi Mas Banawa ||
33. tan asuwe nuli prapti | ngiring dening matri Pajang | Dipati Banawa age | anukêmi padanira | Senapati Ngalaga | Dipati [Dipa...]
--- [f. 152v] ---
[...ti] Bênawa matur | lah kakang punapa karsa ||
34. punika lamun sawawi | tuwan jumênênga nata | Senapati ngandika lon | sira yayi jumênênga | gumantya ana Pajang | ku yayi prayoganingsun | ngi[19] yayi ikang sun têdha ||
35. sakèhe pusaka Jawi | kang saking ing Majalêngka | kang nèng Pajang sun jaluke | sun gawa maring Mataram | ikang rayi sumăngga | langkunge saking puniku | pan kagêngan jêngandika ||
36. garêbong wus dèn dangdani | pun Bale Lumur wastanya | jêbad bètri panggritane | găngsa Ki Sêkardalima | Satomi sakancanya | binakta Matram rumuwun | Senapati angandika ||
37. lah yayi manira amit | kantuna sira wibawa | kang rayi atur baktine | Senapati sampun bubar | mantuk dhatêng Mataram | suka wau ing tyasipun | manahe lir guladrawa ||
32. Dhandhanggula
1. sampun prapta nagara Matawis | wadyanira mantuk sowang-sowang | pinapag dening rabine | sukaning donya iku | nora nana lir mênang jurit | adawa yèn winarna | Senapati mêtu | senaba[20] pêpak kang wadya | pra sêntana Măndraka mugèng ing ngapti | Senapati ngandika ||
2. dhatêng kang paman Juru Martani | manira mangke ngadêg narendra | Ki Bayi jumurung ingong | miwah Măndraka rêmbug | myang santana mantri suwawi | ngandika panêmbahan | kang Măndraka iku | iya mangke arinira | isun jujung
--- [f. 153r] ---
luguhe jênêng Dipati | Mangkubumi lah padha ||
3. ngèstokêna de ri sun Ki Santri | kasih dipati ing Singasêkar | Kandhanglo kalih putrane | katiga mantunipun | ngakên mitra jinujung ligih | sami jênêng dipatnya[21] | nama anut tumut | arine nama Ki Êmban | kinèn mamong[22] Pangran Dipati Matawis | Ki Nitik ipenira ||
4. kinèn mamong Ki Mas Damar uni | kacarita prakosa bujana | Ki Nitik inu[23] lakune | yèn seba lakung junun | lir sêmbahyang nêmbah Yyang Widi | jarijine sinarad | padhati puniku | dènnya lênggah nora obah | dipun gèndèng rêmak ikang mesa padhati |[24] kaloka lamun rosa ||
5. Radèn Raga lakung panas galih | nora kênê[25] wong kalok digdaya | arsa ngayonan karsane | yèn nya nulya guru |[26] nanging kêdhik ikang nadhahi | kawiratamanira | wiwrin wong Matarum | kondur ngadhaton sang nata | Radèn Raga panase maring Ki Nitik | dening kalok dikdaya ||
6. karsanira wau dèn ayoni | glis carita ing Sênèn dinanya | pêpak ing paseban andhèr | Ki Nitik wus aluguh | ing paglaran lir wong abakti | tan wruh ing kèri kanan | jarijinya ngacung | sanepa anglir wong tayat | Radèn Raga wus awas maring Ki Nitik | linangkungan ngarsanya ||
7. sinampe tugêl jarijinèki | nora kawal Ki Nitik tan obah | maksih atêtêp silane | wus katur ing sang prabu | wiku raja anulya [a...]
--- [f. 153v] ---
[...nulya] mijil | kang putra tinibalan | Radèn Răngga wau | sarya mèsêm angandika | sutèng ulun Răngga pinuji yèn luwih | rosa miwah digdaya ||
8. samya wiwrin wongira Matawis | apa nyata kaki alah mara | putungên jariji ingong | Radèn Roga jrih nbukuh[27] | mukanira kajêm i siti | wruh yèn kang rama duka | lah kaki dèn gupuh | anuwun-nuwun Dèn Roga | alah mara kaki aja wêdi-wêdi | ayonana sakêdhap ||
9. sun kawênangakên sira kaki | dèn anurut ujari[28] wong tuwa | Răngga dèn nglampahi pakèn | anuwun awotsantun | duka dalêm kawula pundi | anulya dipun candhak | astane sang prabu | ginujêg-gujêg tan obah | kadrawasan angandika sri bupati | sutèng ulun arosa ||
10. nyata luwih wis uculna kaki | sun tarima wiratamanira | Rahadèn Roga wantune | agujêng maksih kukuh | hèh alara uwis ta kaki | mandahe si wonga lyan | kinipatkên asru | ucul malêsat Dèn Răngga | nrajang banon ing kitha balong[29] sajalmi | lajêng saking jrihira ||
11. Radèn Raga purik dhatêng Pathi | panêmbahan ngandika ya nyata | rosa emane putra ngong | wus karsani Yyang Agung | nora panjang yusyanirèki | sun têdha adawaa | dadi kanthinisun | sampun kondur Panêmbahan | wus alama tan pulih sakiting galih | Dèn Răga anru brăngta ||
12. angulari [a...]
--- [f. 154r] ---
[...ngulari] marganing matitis | lakung jrih wirang dukan rama |[30] kang paman sru wêwarahe | tinanggêl sakèhipun | dêdukane ramanira ji | nanging Dèn Raga maksa | ngupados dalagung | matitis kang banthèng galak | majacan[31] galak kawatgata padha mati |[32] wong kang luwih suh sirna ||
13. nêngna kocapa Kali Paragi | ana uling gêng sabokoti[33] tal | cinatur mula-mulane | wadyane Nyai Kidul | abaluthah[34] dipun dukani | tinudhung mila kentar | lakung nguwus-uwus | ngutali[35] lêmbu maesa | miwah jalma wong desa samya angili | suwung lakon sadina ||
14. Radèn Raga mirsa dèn parani | wus surupe karsani Yyang Sukma | puniku purwa sedane | lan uling nêgih sampyuh | radèn se kang uling mati |[36] wus katur ikang rama | ngrudatin angungun | kang layon wus binêcikan | gara-gara warni-warni agêng prapti | pracina nata brăngta ||
15. alami Panêmbahan tan siniwi |[37] sasedane kang putra awêwah | ana wong baluthah rane | Dipati Mangir iku | anyaluthang[38] dadi wêwêri | kang ingandêlkên prana | waose Ki Baru | tan watên têguh bujana | kulit tatas yèn watên raosing ati | ingarêpkên waosnya ||
16. kang binêrnêr[39] amasthi ngêmasi | yèn siniraman ngaling-alingan | pundi arêpe waose | nora kêna wong langkung | sampun korak ing wong sabumi | kang dadi manah nata [na...]
--- [f. 154v] ---
[...ta] | anging waos iku | ayun rinêbat ing prana | amêmirang angrusak wadya pribadi | tinêdha ing Pangeran ||
17. gapangêna[40] ikang dadi ati | ya Pangeran isun Ikang Mulya | aja na rat kang wêwanèh | Senapati anêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | tingal maring makluk fana | anoragèng karakêtan padha asih | saha agamanira ||
18. ana syara prabu ing Matawis | waos iku ja dadi tinira | pan kagunganira dhewe | Si Mangir darma gadhuh | nora kêlar iku yun mulih | jatine tiwikrama | akêre kalangkung | mrih kaloka nayakèng rat | wus pinasthi iku wasiyating aji | sapa ikang duwea ||
19. amasthi agêdhe budinèki | Si Mangir arsa ngayoni sira | nanging dèn alirih bae | măngsa wurunga iku | pigunanên dipun arêpit | wus linilanYyang Sukma | halal mring sirèku | syara ilang wungu nata | wus kapanggya kang paman Ki Juru ligih | angadhêp Senapatya ||
20. Ki Bayi punapa dadi ati | de anêkung Panêmbahan mojar | tinutur purwa sanane | gumujêng Kyai Juru | de sapele dadia ati | ulun ratu rat jagat | ana dayaningsun | panêmbahan binisikan | sampun mudhut pingitan kang ayu luwih | Ki Juru sampun mêdal ||
--- [f. 155r] ---
21. nukma namur Ki Juru Martani | abêbarang lampah carma prawa | patut lawan pangagene | angage nyamping wulung | pan kalêkah sabuke uni | dhuwungira tinatah | putih pêndhokipun | ukiranira sambegan | mêmêndhake kuningan warna bol pitik | kulukira amathak ||
22. niyaga èstri nak putunèki | anging kang gêndèr ayu pan dèh |[41] punika nênggih putune | kathah tiyang kapecut | lunga amèn sabrang Paragi | pan dadi pakaulan | Dhalang Jati iku | raina wêngi awayang | syara êrak wus kaloka têpis wiri | yèn ana dhalang wignya ||
23. katur dhatêng Adipati Mangir | dhalang luwih kang gêndèr yu raras | kèh wong kadaut prayane | nulya ingudang[42] wau | Dhalang Jati kinèn arigit | Dipati Mangir mulat | mring kang gêndèr ayu | kasmaran ki adipatya | tanpa jiwa edan moyang kêna dening | ngumik-ngumik ki dhalang ||
24. mung kang gêndèr ikang dadi ati | têngah dalu dhalang kinèn wisan | ingaturan lênggah age | ki dipati amuwus | mila dika kula aturi | ikang gêndèr punika | ikang kula suwun | sukaa datan sukaa | sun amaksa isun pudhut dhalang angling | Ki Bayi ja mêngkana ||
25. mêngko uga ingsun pituturi | kang agêndèr putrane sang nata | ing Mataram pramulane | ibune anak ingsun | dipun pudhut dening
--- [f. 155v] ---
sang aji | garbini tigang wulan | sinungakên wangsul | praptèng tara sangang wulan | nulya lair ikang ibu angêmasi | milane kawlasarsa ||
26. yèn sirarsa sebaa sang aji | ki dipati ja ruda pirusa | Dipati Mangir dan linge | aja kakehan padu | witning isun wani sang aji | ngadu pragi lyan pupya | mangakantar bau | bujana kulit tos tulang | isun arah napsua Prabu Matawis | arêp sun kapanggiha ||
27. iku aja bangêt malang mami | kakehan wicara mara bocah | patènana dhalang kiye | anulya kinarubut | Kyai Juru dening wong Mangir | ya ta pinarêbutan | eca dènnya luguh | ikang katêpak mucithak | kang kasampe niba kèngêr nora eling | katabok dhase pêcah ||
28. tubak bêdhil norana nêdhasi | jalma Mangir wiwrin wus lumayya | Dipati Mangir dukane | narajang narik dhuwung | dhasar tate mêjahi jalmi | anuduk binarêngan | astane sinambut | pinêtak kêrise gigal | nulya mêndhak tobat kawula kiyai | anêdha pangapura ||
29. nanging panuwun kula tan gingsir | saking anêng wulangun kalitang | pêjah yèn tan pagih ingong | sakarsa kawula nut | yèn mêngkono dèn ririh ugi | isun wani mimikan | lamun padha sarju | nanging benjang asebaa | mandahane sukane sri narapati | aturipun sandika [sandi...]
--- [f. 156r] ---
[...ka] ||
30. ni rara wus pinanggihkên uni | Dipati Mangir asuka-suka | rinêga-rêga[43] garwane | nanging dèrèng salulut | wantu rare dèrèng birai | tansah moca[44] udrasa | siyang lawan dalu | angajak seba kang rama | adipati ngimur lakung ngarih-arih | Ki Juru nulya prapta ||
31. kurang apa ikang dadi tangis | igih punika angajak sowan | ing rama ji pabekane[45] | Ki Bayi iku patut | salawase dèrèng apanggih | mêko apalakrama | karsane angujung | nanging dèn alirih uga | putunisun midêla dènira nangis | kaki tan mênêng iwang ||
32. yèn tan binakta seba rama ji | nora ingsun amada kawongan | amung pranatane bae | bungahe wong asunu | palakrama samya ngujungi | yèn nora tinurutan | ingsun plaur lampus | yèn tinuruta awak iwang |[46] sakarsane lakiku Dipati Mangir | nora ningali liyan ||
33. gibrah-gibrah Adipati Mangir | iya iya yayi iya iya | eyang nanging ajrih ingong | kaki isun kang nanggung | dêdukane sri narapati | Ki Bayi sira uga | tansah ngamu-amu | pinrih kêna dadi rencang | satêmêne yèn puruna dèn lurugi | wêgah mara ing sira ||
34. suka-suka Adipati Mangir | yèn mangkatên rama maratuwa | ajrih dhumatêng matune[47] | mulane putuningsun | aprayoga mêko [mê...]
--- [f. 156v] ---
[...ko] wus dadi | jangêt kinatêlonan | maratuwa pujul | mantune luwih sudibya | igih eyang kula dinamêla tawing | sudi ikang tan seba ||
35. sampun tumut-tumut rama aji | kula ratane nêgari Jawa | saryya angêntrog pupune | wis adandana gupuh | wus siyaga tutut sang dèwi | kakunge suka-suka | mêpak jali tandhu | wus sumaos kang gêgaman | nulya bubar Dipati Mangir lan rabi | sigahane[48] atêbah ||
36. Kyai Juru duta atur uning | sampun katur ing sawêlingira | Sang Prabu Mataram miyos | Madaraka ing ngayun | pra sêntana jajar bupati | mantri pêpak sadaya | samya kinèn mêthuk | têlas mantri i Mataram | tundha-tudha angegalakên ing siwi | agya arsa kapanggya ||
37. lakung suka Adipati Mangir | asih têmên rama prabu mringwang | agêgancangan lakune | wus prapta dyan tumurun | saking jali wau kang rabi | ki dipati tumêdhak | dinuk tingal prabu | adoh ingawe wus prapta | ing ngayunan ngandika Prabu Matawis | kadi dèn mara ngarsa ||
38. abukuh bakti sumukêm siti | lah majua angujung maringwang | nuwun wotsêkar ature | majêng arsa angujung | ing suku sang arsa nukêmi | ngigati[49] Panêmbahan | tinitih ing pupu | jăngga tugêl wus apisah | lan kuwada[50] Dipati Mangir [Ma...]
--- [f. 157r] ---
[...ngir] ngêmasi | sirêp sakèh tumingal ||
39. iki baya kang arsa ngayoni | maring kita patigi Mataram | nora sinoga bobote | kang kèri pupunisun | durung silih nêlaskên budi | wus kondur sri narendra | tibalan wus dhawuh | kinèn jarah Kamangiran | sadarbèke abayong sakèhing èstri | kêrigan wong Mataram ||
40. nging waos Ki Baru kèn jajari | wus jinarah Kamangiran têlas | binayong anak rabine | waos Kiyai Baru | wus binakta dipun jajari | sêsigahane têbah | wus majing kadhatun | miwah boyongan jarahan | katur kabèh lakung suka sri bupati | wus karsaning Yyang Sukma ||
41. ênêngêna Mataram kariyin | kawarnaa Adipati Pajang | Banawa ika jênênge | mapan suka kalakung | sakathahe kang para mantri | dening gustine lama | kang jumênêng ratu | sukane nora bêbakal | karta-karti nagari ing Pajang nguni | tan kawarna laminya ||
42. wus saun[51] Mas Banawa sakit |[52] têkèng ing dudu pan sampun seda | mantri tur uninga age | datatita winuwus | kang kocapa Prabu Matawis | sineba dening wadya | pra putra supênuh | tanapi kang para kadang | kang anèng ngarsa Adipati Matawis | ikang jajar alênggah ||
43. Ki Adipati Amangkubumi | lawan Adipati Singasêkar | sang
--- [f. 157v] ---
nata pangandikane | kakang dipati iku | Măndaraka sun jaluk pikir | ara-uru ing Pajang | patine riningsun | adipati ring Banawa | para putra rêrêbutan kadipundi | bêcike pikirira ||
44. sapa ikang yogya agêntèni | jumnêng Pajang Dipati Măndraka | ing mangke aris ature | jangandika yèn sarju | putra Pajang patut pinilih | kang pantês abupatya | ikang bakti prabu | lakung babot jangandika | pan kawula batên purun anglakungi | Panêmbahan ngandika ||
45. iya bênêr kakang jarirèki | jêr kang duwe nging pangrasaniwang | yèn gawenên kang sawiyos | nora wande ku besuk | dadi kardi angrêribêdi | tan wande salang tubak | lan wong Pajang isun | i mangke karsa manira | yèn sêmbada lawan sira sun tanêmi | saking nagri Mataram ||
46. putra ing Pajang isun birati | ja na tuwuh kang sun tanêm Pajang | arinira Ki Mas Tompe | Măndaraka jumurung | pra sêntana arêmbug gilig | mantri samya arêmbag | Panêmbahan muwus | kang Dipati Mangkubumya | lawan adhi dipati ing Singasari | ika kang lumakua ||
47. angligihêna arinirèki | Ki Mas Tompe jumênêng ing Pajang | adipati kêkasihe | manawa na kang purun | agawaa dandanan jurit | wong Majêgan milua | wong Pajang yèn purun | sira kêmbarana yuda | sirnakêna [sir...]
--- [f. 158r] ---
[...nakêna] payo mangkata dèn gipih | anulya sami bubar ||
48. Adipati Singasari bakti | Mas Katompe ngujungi suku sang | anuwun-nuwun barkate | tinon gaman Matarum | rêmbug kabèh kawanènnèki | wus prapta kitha Pajang | lumêbêt sadarum | ing alun-alun tinata | mantri Pajang tintrin[53] kabèh Makubumi[54] | wus lênggah ing wita |[55]|
49. nibali pra putra Pajang sami | miwah paranakan pirsakêna | sun ngêmban tibalan katong | kèn nata Pajang isun | ariningsun Mas Tompe iki | pinaringan ing Pajang | yèn sira nora nut | ingsun kinèn matènana | yèn abăngga têkakêna mara mami | isun tadhah ing yuda ||
50. nèng ngriki du arêp ingsun wani | alah payo priye pikirira | mantri Pajang ajrih kabèh | anêmbah samya matur | tan lênggana kawula iki | punapa ing parentah | kawula pan anut | sakèhe putra ing Pajang | pan binirat tan ana dadi priyayi | prasami kularahan ||
51. mantri Pajang samya anglampahi | kang parentah Kajêng Panêmbahan | Mas Katompe Dipatine | sadaya sami suyud | Adipati Amangkubumi | arsa apêpamitan | ingsun arsa mantuk | karia sigra anêmbah | mring kang raka pan sampun winêling-wêling | yayi dèn aprayitna ||
52. sigra bubar gêgaman Matawis | tan kawarna wus prapta Mataram | nata sineba wadyane [wadya...]
--- [f. 158v] ---
[...ne] | mantri pêpêk supênuh | Mangkubumi prapta ing ngarsi- | nira Prabu Mataram | Mangkubumi matur | jangandika utus iwang | Nata Pajang Mas Katompe wus aligih | wadya Pajang tan sura ||
53. sawala parentahira aji | sakèh putra Pajang wus kabirat | bukakrakan buh parane | asuka jroning kalbu | Panêmbahan mirsa turnèki | kang raka Mangkubumya | lawan arinipun | Adipati Singasêkar | lakung dening angalêm mring raka rayi | apan sampun binabar ||
54. Panêmbahan angandika aris | alah kakang Dipati Măndraka | ingsun arsa marêk mangke | mring susunan ing Gunung | angyaktèni wirayatnèki | sun têdha ing yaktinya | nêdha aminipun | mring sunan sun madêg nata | igih ku jumurung ing karsa aji |[56] mangke sampun mangsanya ||
55. angyaktèni lan karsa Yyang Widi | nulya Pangalasan kang dinuta | mring Giri bakta surate | bakta wong patang puluh | Pangalasan mêsat ngarsa ji | sarta mudhi[57] nawala- | nira sang aulun | sampun kondur Panêmbahan | kang kocapa Susunan Giri siniwi | pêpak putra sêntana ||
56. Pangalas Matawis wus prapti |[58] linarapkên ngandikan mring ngarsa | anuli atur tulise | tinampan Sunan Gunung | pan mangkana ungêling tulis | atur bakti kawula | kaping kalihipun | kawula anuwun duka | nuwun barkat [barka...]
--- [f. 159r] ---
[...t] kawula arsa yaktèni | wirayat pangandika ||
57. dhatêng pun bapa kula yaktèni | Panêmbahan Giri mèsêm nala | amirsa ungêl tulise | ngandika Sunan Gunung | hèh matura ing Senapati | iya dèn yaktènana | mimitana kruwun | ngluruga nagri bang wetan | lamun benjang yèn prapti na wangsis[59] mami | dhumatêng kang sarira ||
58. dan Pangalas nêmbah wus amit |[60] tumurun si[61] Giri gêgancangan | Panêmbahan adikane | sapa wruha Matarum | mutêr bumi wirayat mami | i Mataram punika | benjang dadi ratu | mêngku kabèh tanah Jawa | nadyan Giri yèn sisipa dadi adi[62] | durmane ikang wikan ||
33. Durma
1. wus parentahi[63] Yyang nora kêna owah | apan ta wis pinasthi | ing dahuru jaman | ratu padha ngawula | kawula kèh dadi gusti | tandane ana | Pajang lawan Matawis ||
2. para santana kabèh padha karuna | matur dhumatêng gusti | panêdha kawula | sampun mênangi amba | wis pasthini Yyang tan gisir | ênêna[64] ing Arga |[65] kocap rajèng Matawis ||
3. lagya sinewaka de bala sêntana | yuyunên dera ngati[66] | ing putusanira | Dyan Pangalasan prapta | jumrajog matur wotsari | lampah kawula wus prapti | dhumatêng Arga | marêk sang maha yakti ||[67]
4. sampun katur ing atur bakti sampeyan | winaca punang tulis | lakung sukanira [su...]
--- [f. 159v] ---
[...kanira] | anutên[68] angandika | kang salam donga rumiyin | kaping kalihnya | lamun arsa yaktèni ||
5. kang wirayat ingsun adonga Yyang Sukma | mugi Ki Senapati | mutêra ing Jawa | suka jro nalanira | cinêtha amutêr bumi | marang susunan | Gusti Siniwun[69] Giri ||
6. Panêmbahan ngandika mring Măndaraka | nêdha bubar tumuli | dhihin kajêng rama | seba marêk susunan | i wulan Muharam uni | sun tumanduka | mring bang wetan puniki ||
7. wulan Muharam anut marga kang kina | ing mangke karsa mami | kakang putusana | mring Dêmak Kalinyamat | atanapi wong ing Pathi | padha dandana | gêgaman mring Matawis ||
8. ing Pajang Jagaraga padha saosa | sadandanan ngajurit | sungana wruh samya | yèn sun arsa ngluruga | tan kawar wus marêngi |[70] sasi Muharam | pêpak wadya Matawis ||
9. Pathi Dêmak Pajang lawan Jagaraga | Kalinyamat wus prapti | wadya Pamajêgan | wus pêpak barisira | sigra mangkat sri bupati | wong Jagaraga | ikang lumampah ngarsi ||
10. nuli wadya Pajang wiking wadya Dêmak | Kalinyamat ing Pathi | sambung ing Majêgan | nuli wadya Mataram | Madaraka anèng wuri | lawan sêntana | Panêmbahan nèng wuri ||
11. ikang dadi pawiki[71] jalma Kajoran | tinon [ti...]
--- [f. 160r] ---
[...non] gaman Matawisa |[72] lir Endraprawata | wau kang wadyabala | lampahe kagiri-giri | nêngna kocapa | Dipati Surabanggi ||
12. wus ngaturan paksi de wong kajinêman | wong Mataram nidaki | mangke wus nèng marga | Dipati Surabaya | utusan mring kèh nagari | Sidayu Tuban | Lasêm lawan Garêsik ||
13. lan Madura Pakacangan Aribaya | ing Sumênêp lan malih | nagri ing Balega | Pasuruan Lumajang | Wirasaba Malang Kadhiri |[73] Srêngat Balitar | Kalangbrit[74] miwah Rawi ||
14. kinèn dhatêng pacak baris anèng Japan | Madiyun Panaragi | kinèn jaga pura- | nira ta dhawak-dhawak | sakèh nagara wus prapti | sagêgamannya | sêdya mapag ajurit ||
15. sêdyanira nyabili gaman Mataram | prayitna kèh bupati | wong Mataram prapta | nêgih nagari Japan | sêdya binêdhah ngajurit | sikêp bang wetan | Japan dèn parêpêki ||
16. ayun-ayunan kocap Susunan Ngarga | wus ingaturan uni | lamun wong Mataram | nêgih angêpung Japan | wong wetan samya nulungi | anèng ing Japan | ayun-ayunan jurit ||
17. Pangran Giri utusan kaum sadasa | sarya amandhi tulis | adan sami mintar | duta prapta ing Japan | mondhok satêngahing baris | Prabu Mataram | wau dipun utusi ||
18. wong agung wetan kabèh samya ngutusan [ngutu...]
--- [f. 160v] ---
[...san] | anulya samya prapti | raja ing Mataram | lan Pangran Surabaya | bupati pêpêkan sami | duta ing Arga | sigra dènira aling ||
19. hèh Senapati Ngalaga ing Mataram | Dipati Surabanggi | lan sakèh bupatya | ing bang wetan sadaya | ingutus sang maha yakti | amawa surat | pirsakêna ing mangkin ||
20. pan winaca surat dalêm mring utusan | ngarsane pra dipati | mawi salam donga | mring Senapati Nglaga | tuwin Pangran Surabanggi | myang kèh bupatya | kapidhone sirèki ||
21. arêp apa ting gathini yun-ayunan | sisip angrusak jalmi | lamun sira aprang | masthi kathah wong pêjah | lah ki jêbèng ing Matawis | lan Surabaya | pilihên salah siji ||
22. isi lan wadhah poma ayya na aprang | iku pilihên sami | Senapati Nglaga | andhêku nêkêm sirah | mirsa andikaning gusti | saryya ngandika | lah punapa ing kapti ||
23. adhi Surabaya ikang pangandika | Kajêng Sinuwun Giri | andika piliha | isi lawan wêwadhah | kagea kang kari-kari | dadi wasiyat- | ira Jêng Sunan Giri ||
24. lah ta adhi amiliha dhingin iwang | sayakti angarèni | Pangran Surabaya | ewuh nukmèng ing driya | sun piliha wadhahnèki | isine ika | kaduwe Senapati ||
25. paran têmah pasthi suwung kang nagara | kaduwe wonge sami | dening Senapatya | ngur sun miliha jalma | angandika Senapati | kadi punapa |
--- [f. 161r] ---
suwe dika tan angling ||
26. nulya angling ikang sun pilih isinya | pakanira duwèni | wadhah alah iya | yayi sakarsanira | wus tampan-tinapan[75] janji | kasaksèn duta | bubar mring pondhok sami ||
27. Raja Mataram duk sineba ing bala | ngandika sri bupati | ke raka Măndraka | besuk bumi bang wetan | kabèh sapa angisèni | sapa wêruha | amasthi isun abil ||
28. lah ing mangke wong Mataram bubarêna | nulya tangara muni | kondur Senapatya | wong bang wetan wus bubar | kocapa Susunan Giri | sampun amirsa | yèn wong ing Surabanggi ||
29. yèn amilih isi wong Mataram wadhah | ngandika Sunan Giri | wus takdire Sena- | patya amêngku Jawa | ya wus karsani Yyang Widi | tan kêna owah | iku wong Surabanggi ||
30. milih dhingin têka ora kabênêran | pasthinya kukuh bumi | winuni Dipatya | Surabaya sineba | de putra santananèki | nulya ngandika | mring supênuhing mantri ||
31. lah nagara kidul iki sinalinan | wong Surabaya sami | kentar angirida | sakèhe wong bang wetan | wus bubar ikang tinuding | sagêgamannya | ing Sande dèn lurugi ||
32. wus kalah tinanêman wong Surabaya | wong wetan padha mulih | Adipati Pajang | utusan atur wikan | yèn ing Sande dèn lurugi | mangke wus kalah | ngling Sang Nata Matawis ||
33. têka mênênga si adhi Pajang ika | de Sande rusak [rusa...]
--- [f. 161v] ---
[...k] uwis | ya măngsa ilanga | sakèhe wong bang wetan | kagungan isun pribadi | lan pangèstunya | Kajêng Sinuwun Giri ||
34. isun iki iya măngsa mênangana | nak putuningsun bènji | ya angrata Jawa | sira ngling Măndaraka | punapa karsa ing mangkin | nagri bang wetan | wong anom padha wani ||
34. Sinom
1. lah sawawi linurugan | binêdhah ikang nêgari | winalêsan binahakan | lah kakang sabara dhingin | wulan Muharam benjing | nêdha mring bang wetan nglurug | ênêngna kang kocapa | Adipati Ponaragi | nèng Madiyun apan lagya pirêmbagan ||
2. Raja Madiyun angucap | mring sakèhe para mantri | mangkene ta karêp ingwang | lah adhi ing Ponaragi | kaya apa ing nguni | Senapati ing Matarum | saya angabra-abra[76] | karêpira ngosak-asik | angrata nusya Jawa yèn dika rêmbag ||
3. igih wong agung bang wetan | padha winarahan sami | ngucap Dipati Ponraga | sakarsa tuwan lumiring | anulya suka tulis | Ki Adipati Madiyun | dhumatêng Surabaya | Pangalasan wus lumaris | sampun mulih Adipati Ponaraga ||
4. wong Madiyun mêpak bala | wong desa samya acawis | wong Madiyun kathah migat[77] | mring Pajang dipun jabêli | anêgih nora kêni | wong Ponaraga wus kumpul | sadandanan ngayuda | kocapa ing Surabanggi | pan sineba duta ing Madiyun prapta ||
--- [f. 162r] ---
5. atur tulis wus tinampan | winaca dhapur tur uning | kularsa nglurug Mataram | lah jangandika bantoni | Pangeran Surabanggi | ngandika ja walang kayun | ingsun nora lumampah | wus pracaya ki dipati | lan si paman Adipati Ponaraga ||
6. undhang wadya Surabaya | wus pêpak nulya lumaris | nanging ta mantri kewala | duta sampun pinisalin | Pangeran Surabanggi | duta mring bang wetan iku | sakathahing bupatya | pakupulan nèng Kadhiring[78] | samya mondhok sadaya kilèn bangawan ||
7. kocapa Raja Mataram | sineba ing para mantri | para putra myang sêntana | Măndaraka anèng ngarsi | kajiman tur uning |[79] lamun wong wetan sadarum | arsa gêcêk Mataram | ngandika Raja Matawis | lah ta kakang Măndaraka undhangana ||
8. Pathi Dêmak Kalinyamat | lan wong ing măncanêgari | patêmona Jagaraga | kinongkonan samya cawis | Mataram mêpêk baris | Majêgan Kajoran kumpul | jawi Taji barisnya | miwah wong Pajang acawis | Adipati Măndaraka akèn bububar |[80]|
9. wus badhol wadya Mataram | prapta nagri Jagaragi | apan samya pakupulan | wus bubar tangara muni | sauran sampun prapti | mondhok [mondho...]
--- [f. 162v] ---
[...k] kilèn Kali Dhadhung | Dipati Măndaraka | matur kadapudi[81] aji | batên nyabrang kilèn kali ngling sang nata ||
10. kakang isun nora arsa | padha rêrakaha[82] sami | ucapên wadya bang wetan | mondhok wetaning banawi | barise wong Matawis | nging lêt bangawan winuwus | sang nata ing Mataram | ngling kang Madaraka kadi- | pundi wartane Madiyun Panaraga ||
11. kawula amirsa warta | barisipun tan anugil | pan dadi pangawat kiwa | wong Madiyun dèrèng mijil | punapa karsa aji | kakang midêla karuwun | ana da manira |[83] ya ta ngandikani sêlir | Adisari marenea dèn aegal ||
12. Senapati angandika | Adisari ingsun tudi[84] | manjinga Madiyun sira | dèn bisa-bisa mèt ati | dèn bangkit sira nini | sarta gawa surat isun | paès nyandhanga endah | yèn wus katur surat mami | alah yayi bejang gêganjaran iwang ||
13. Adisari matur nêmbah | nadyan tumêka ing pati | kawula batên lêgana | wus paès Ni Adisari | asring agawe brangti | kang adulu padha wuyung | sapolahe araras | dhasaripun parêk ati | wong utama ing têmbung mijil asmara ||
35. Mijil
1. Senapati angandika aris | balanira kinon | angiringa ing Adisarine | asaosa tandhu lan jaline |[85] pun Warung acawis | jalu[86] lawan tandhu ||
2. sira [si...]
--- [f. 163r] ---
[...ra] gawaa wong kawan dasi | pilihana kang wong | dèn prayitna ngiring Disarine | yèn wong wetan padha nênakoni | warahên sun apti | nukul mring Madiyun ||
3. datan sêdya amusuha jurit | kalawan sang katong | kang sinêmbah ing Madiyun mangke | lawan sira Disara[87] sun wêling | yèn ginibang[88] dening | para putranipun ||
4. sanadyan nini ta sri bupati | lakonana kang wong | sajabaning parimana bae | anging aja têka ing sayakti | nêmbah nuwun amit | jinuli[89] lumaku ||
5. sêratira tansah dipun pandhi | ulês taluki jo | panginangan anèng ing ngayune | kalih wêlas sami ulês kuning | kacu mas tanapi | bakor mas sing ngayun ||
6. lan paidon ngling ati Disari | upama sang katong | nora kênaa sun gebang[90] mangke | baya doh wong wadon tan kawarni | ing Madiyun prapti | gawok kang andulu ||
7. wong bang wetan samya anakoni | pan sakathahing wong | kang jinali nrajang baris gêdhe | upacarane sri anauri | Warung wruhanèki | Senapati nukul ||
8. mring Sri Bupati Madiyun iki | datan sêdya mangkong[91] | amusuh prang wong bang wetan kabèh | samya angling iku Senapati | angrasa yèn cili | milane anukul ||
9. Sri Narendra Madiyun tinakil | tatan-tatan kang wong | arsa mêdal ing sadina mangke | tan kawarna Adisari
--- [f. 163v] ---
prapti | jumrajog myak baris | anukêmi suku ||
10. sri bupati jêngêr aningali | gêgêtun sakèh wong | wong punapa kang prapta ing mangke | ayu anom upacara asri | baya wong ngugahi | marang sang aprabu ||
11. Sri Narendra Madiyun ningali | mara ing wong wadon | ikang nukêmi ika padane | angandika manahe kagimir | wong apa sirèki | anukêmi suku ||
12. sapa ranira wismamu ngêndi | Disari wotsinom | kawula punika putusane | Senapati Ngalaga Matawis | kin turkên bakti |[92] lawan suratipun ||
13. arsa nukul punika kang tulis | katura sang katong | Senapati Ngalaga ature | sampun kawrat sabêting tulis |[93] sang nata nampani | sêrat sarwi kanyut ||
14. sêratira sinung putranèki | Radèn Lonthang kang wong | nulya winaca asru surate | kunêng punika bêbukan tulis | kawula tur bakti | dening kamipurun ||
15. ngaturi sêrat dhatêng nêrpati | tan wruh ngawak ingong | kaping kalih tan anêda[94] mangke | amusuha ing paduka aji | anêdya angabdi | ing tuwan sang prabu ||
16. lan sakèhe abdi dalêm uni | wong Madiyun mangko | kang angusi ing Pajang sakèhe | jêng paduka nêdhanana tulis | cacahing wong cili | katura sadarum ||
17. pan kawula tan purun ngukuhi | saking baktiningong | batên kêdhap-kêdhap ing sang rajèng | sampun têlas titi
--- [f. 164r] ---
mosa tulis | saisti prayaning | kawrat surat ulun ||
18. Panêmbahan Madiyun kagimir | angras[95] nala Yyang wong | amiyarsa ature putrane | Senapati Ngalaga Matawis | dening ngasih-asih | ngandika sang prabu ||
19. mring Adisari muliha nini | matura putra ngong | dèn pracaya mring isun atine | apan ingsun tan sêdya musuhi | marang putra mami | pracaya Yyang Agung ||
20. wong bang wetan baris kene apti | amusuh putra ngong | iku uga ya karêpe dhewe | isun nora milu-milu ugi | matur Adisari | yèn tinakèn iku ||
21. kula dening putra dika uni | baris Madiyun wong | kawula kadipundi ature | ya nini sun bubarakên sami | punapa sang aji | tan kintun sul-angsul ||
22. nora kirim sun mring putra mami | rèh ingutus ingong | sun têdha kaluku sikil rajèng | wêlinge kinèn abakta mulih | sang nata wêwijik | tinampèn wotsantun ||
23. amit Disari sampun jinali | kang ningali gawok | polah ingutus têgês têmbunge | samarga tinakèn Adisari | micarèng ring ati | nata ing Madiyun ||
24. eling-eling sira dèn pakeling | wong madya sêmangko | masthi sun gêpuk prapta lampahe | kocap Nata Matawis tinangkil | Măndraka turnya ris | kadipundi prabu ||
25. pakantuke akèngkèn [akèngkè...]
--- [f. 164v] ---
[...n] Disari | kakang pamrih ingong | Dipati Madiyun sun prih ebate |[96] mudur atine glaa wong cili | yuyunên sang aji | Disari gya rawuh ||
26. adoh ingawe prapta ngarsa ji | angandika katong | nora nyana sira lamun mulèh | paèsira dening maksih bêcik | anuwun wotsari | antuk barkat prabu ||
27. katur kabèh lampahe tinuding | ngandika sang katong | ing Madiyun pa maksih barise | igih sarêng bubare lan mami | prabu ing Matawis | sukane kalangkung ||
28. ingaras bathuke Adisari | angalêm sang katong | dening sira tuhu bangkit mangke | matur Măndraka punapa kapti | wus prapta Disari | yèn suwawi prabu ||
29. baris Panaragi dening mêncil | yèn sawawi mangko | linakon ginêpuk ditên mangke | kakang sabarêna benjang Kêmis | gancang ditên Kêmis | dandan asmara kung ||
36. Asmaradana
1. sakapraboning ajurit | gaman gêng kinèn kèndêla | Senapati tidak dhewe | nging bakta sakèh prawira | mantri lawan bupatya | jêjaranan kalih atus | gêgamane sarêmênnya ||
2. panêmbahan sampun nitih | lumaris Puspakêncana | sêkar capaka ulêse | ingiring para prawira | wus prapta baris mêngsah | winêdalan saking kidul | kapering rada kawutat ||
3. Senapati aningali | wong Ponaraga akathah | ênting sukane galihe | lir non [no...]
--- [f. 165r] ---
[...n] èstri ayu payyas | tukul wong Ponaraga | Senapati nulya ngamuk | wong Ponaraga puyêngan ||
4. barise wus dèn lêbêti | tambuh mungsuh lawan rowang | wus lumajar bupatine | miwah mantrine sadaya | Madiyun pinisuhan | yagene norana mêtu | saking kono purwanira ||
5. amiyarsa Senapati | wuwuse wong kathah-kathah | garjita nukmèng driyane | alah iya sapa witnya | ala winalês ala | pan isun darma lumaku | Yyang Sukma purba wisesa ||
6. wong Ponaraga angusi | kuthane wus inêb lawang | kasaput ing dalu mangke | wus kondur Ki Senapatya | dhumatêng pasanggrahan | enjang kawarna wong agung | wetan tata ngantêp yuda ||
7. bupati siyaga sami | wus atata kang gêgaman | punggawa akumpul kabèh | wani têguh tate tatal | ikang tinubak latah | ikang jinara malurud | kang binêdhil mêmbat-mêmbat ||
8. yèn binêdhil ngujiwati | ana sinuduk alatah | tinatah malurud bae | winadungan cikrak-cikrak | gaman lir dra pawaka | alas agêng apan gêmpur | angêbêki ara-ara ||
9. lir ulung rêratyan iki | lir age-age[97] kang kapal | Raja Matawis ing mangke | sampun ngaturan uninga | yèn wong wetan lumampah | hèh kakang Madrarakèku[98] |
--- [f. 165v] ---
tatanên wadya Mataram ||
10. adhimas ing Singasari | dadia pangawat kiwa | lan dhimas Pathi rowange | wong Kalinyamat wong Dêmak | kang Mangkubumi ika | adhi Pajang rowangipun | lawan wadya Jagaraga ||
11. mangawata kanan sami | dening kabèh wong Kajoran | milua sagêgamane | mring si kakang Madaraka | dadia gêgunungan | ngagea têngêran ingsun | anitihana gêgaman ||
12. Madaraka matur kadi- | pundi karsa jangandika | iya kakang karsaningong | manira alaku cidra | ngirid wong jêjaranan | wong rongatus kathahipun | ikang wong padha prawira ||
13. nora tangguh ênggon mami | sakarsa-karsa manira | mangrêgani[99] kuda rajèng | Puspakancana ulêsnya | nêgih sêkar capaka | Kyai Juru atut pukur | tan têbih lawan kang putra ||
14. lan kapalan kalih biting | andhèrèk nata lumampah | sampun anyabrang kaline | Măndaraka kèn atata | mring kèh para bupatya | yèn wontên têngêran ingsun | pakanira yya antara ||
15. Măndaraka bêndhe uni | Ki Bicak munya angakang | wong Mataram mirsa age | lajêng suke lir gêrah |[100] wong wetan ge tangara | sumahab gêgaman bubul | sigra pinapag campuh prang ||
16. surak lir karêngèng langit | pêtêng kukuse sudawa[101] | tambuh musuh
--- [f. 166r] ---
lan rowange | Panêmbahan non kang aprang | wus kawur gya narajang | anging ta wadya rongatus | sarêng anyamêthi kuda ||
17. wong agung wetan udani | Senapati mêtu kiwa | saking kidul sabature | bupatine samya ngucap | iki Ki Senapatya | klambi tambal saking kidul | wong wetan kabèh uninga ||
18. gêgamane wus binalik | ngarêpakên Senapatya | wuri wong prawira kabèh | ikang ngarsa maksih pêrang | wuri ngingêr gêgaman | Senapati sigra nêmpuh | anglambung saking ngiringan ||
19. wong rongatus ngamuk wani | katadhahan kèhên lawan | kadya banthèng kalêlaton | tubake kathah kang bêlah | ngamuk kalih curiga | Senapati dèn karubut | sinasog ing ganjur rangap ||
20. sakèh braja tan nêdhasi | kang sifat wayang-wayangan | Senapati nora katon | nora kang saya mirisa | dadi sukaning manah | tumingal Kiyai Juru | ikang putra rada sayah ||
21. Kya Juru tulung sing wuri | kalih camêsthi[102] kewala | gêgaman akathah mangke | sinabêt prasamya tatas | watang akathah bêlah | puyêngan wong wetan dulu | ebat sakèh kang tumingal ||
22. wong wetan akathah mati | bupatine wus lumayya |
--- [f. 166v] ---
tujang-tinujang[103] wong akèh | agrêgut wadya Mataram | wong wetan kuthetheran | sakarine ikang lampus | mring nagrine sowang-sowang ||
23. pamuk prajurit kèh mati | Senapati Ingalaga | arsa mring Madiyun mangke | pan maksih anitih kuda | Ki Juru angandika | ki jêbèng jaranirèku | sun tingali kaya pêjah ||
24. punang kapal nulya mati | Senapati angandika | pakanira paman dahwe | wruhanira jaran iwang | lagi lingsir patinya | ngarêpkên asar ripipun | Kiyai Juru ngandika ||
25. satêmêne ujar mami | aran mati uga pêjah | Senapati salin mangke | kuda ran pun Bratayuda | ulêse nilakăntha | ngandika mring wadya agung | ing Madiyun abongana ||
26. ran iku uwiting kardi | wong Mataram wus tumandang | ngobong bayong jarah mangke | kathah băngga pinêjahan | wong Madiyun tan nyana | de wus eca padonipun | wong desa angusi kitha ||
27. Pangeran Madiyun iki | sampun ngaturan uninga | wong Mataram lêlewane | Pangran Madiyun ajola[104] | liwat gêtuning manah | kasmaran ing suratipun | manis lir pendah srêngkara ||
37. Dhandhanggula
1. Panêmbahan Madiyun sira ngling | nora nyana ingsun wong Matarama |[105] têka polahe sêmene | marta wisa ranipun | wisa batin martane lair | rubiyah adandana | karia putrèngsun | cinatur [ci...]
--- [f. 167r] ---
[...natur] kalih kang putra | pabajênge pawèstri ayu linuwih | ikang wuragil lanang ||
2. ran Mas Lonthang karsane sang aji | putra èstri tinilar ing pura | karia nini putrangong | sira ikang rinêbut | wus pantêse bêdhah nagari | bayong putri jarahan | wong dalêm kang kantun | sapratigan rêtnaning rat | panangise lara-lara amlasasih | rama ngimur ing putra ||
3. sun srahakên sira ing Yyang Widi | sun tilari kêris siji sira | Si Gumarang ki arane | sang putri tămpa sêmu | sampun jêngkar sri narapati | kalidhih bong-obongan | parêk kuthanipun | mantri samya rêbat paran | palayune ngalor ngetan sri bupati | ngusi ing Wirasaba ||
4. Ki Mas Lonthang ngusi Surabanggi | kawuwusa kang kari ing pura | sang putri ngèsthi pêjahe | wong Mataram angêpung | ing Madiyun atêpung kikis | katur mring Senapatya | yèn putri Madiyun | kantun tinilar ing pura | Panêmbahan suka manjing ing jro puri | sapraptanira latar ||
5. sang dyah tumingal yèn Senapati | prapta ciptanira mêngko pêjah | nulya binêdhil sang rajèng | tumamèng jaja prabu | mèsêm lajêng nulya sang putri | Senapati pinanah | warastra lir jawuh | anibani Senapatya | tan tumama kadya kaca Senapati | tinubak ngalang-alang ||
6. lunyu malèrèd Ki Senapati | tinalêmpak sangêt nora pasah | malah putung talêmpake | ya ta migah [mi...]
--- [f. 167v] ---
[...gah] jinêm rum | mudhun saryya anarik kêris | Gumarang wastanira | anulya Ki Juru | Senapati dipun candhak | lah Ki Bayi andika dèn ngati-ati | yèn sisip gawe răngdha ||
7. yèn paksanên iku bêbayani | kris ku uga tanna wong bujana | kèndêl nèng lawang sang rajèng | Senapati aluguh | saryya ngrungrum angasih-asih | prayitna sing têbihan | akathah winuwus | awone wadya Mataram | kang ginupit winoran asmaragami | nor asrah jiwa raga ||
8. têka anglês manahe sang dèwi | myarsa andikane Senapatya | marlêsu tanpa jiwane | anyêkêl dhuwung rutuh | Senapati ika ningali | dhuwunge sampun gigal | marani sang prabu | kang dhungwung[106] ligan cinandhak | dipun sarungakên ingage tumuli | sinandhing sang dyah rara ||
9. sarya ngandika dhuh gusti mami | nora nyana dhuh yèn asih dika | dhatêng kawula nah agèr | marga saking ing dhuwung | lah ing mangke dhuwungmu yayi | sun rani Si Gupita | dening marganipun | sira asih mring manira | sang dyah midêl cêngêng gêtun ta[107] nauri | maksih karasa-rasa ||
10. Panêmbahan tansah ngarih-arih | pan adangu dènnya angrêrêpa | malah surup kang srêngenge | wus nikah sang aprabu | kang sêntana pêpêkan pragi | bala nèng pagêlaran | syarane gumuruh | Senapati Ingalaga | mapan maksih angimur-imur ing rabi | akathah [aka...]
--- [f. 168r] ---
[...thah] yèn winarna ||
11. putri Madiyun kalangkung asih | dhatêng Senapati Ingalaga | apan wus lipur manahe | sih-sinihan kalangkung | pan sadalu tutug karonsih | ya ta kawarna enjang | sineba sang prabu | pêpak sêntana bupatya | para mantri Măndaraka mugèng ngarsi | Dipati Pathi seba ||
12. pan aduwe pangrasa ningali | mring kang raka sanès warnanira | kadya pangantèn sêmune | amicara ing kalbu | kaya ngapa kang Senapati | tan arsa abubaran | lawas nèng Madiyun | iya dhèwèke akrama | ingsun tan bêtah nora gawa pawèstri | nulya apêpamitan ||
13. kakang kula nuwun amit mulih | wartanipun Pathi wontên mêngsah | wingi sore ing praptane | duta ngaturi wêruh | gih pun bojo ikang anuding | kula kinèn mantuka | lah ing mangke nuwun | mantuk dhumatêng Santênan | alah yayi yèn kêna ja age mulih | yèn Pathi ana mêngsah ||
14. iya benjang ingsun kang nglampahi | Adipati Santênan amaksa | nuwun duka arsa mulèh | angandika sang prabu | alah iya karsanirèki | lamun sira tan kêna | kudu maksa mantuk | Dipati Pathi wotsêkar | udurira lajêng bubar èsmu runtik | lampahe gêgancangan ||
15. Senapati Ngalaga sira ngling | mring wadya lirna Ki Măndaraka | wruhanira ing karsane |
--- [f. 168v] ---
Dipati Pathi iku | balik arsa mêngsah Matawis | matur Ki Măndaraka | puna liripun |[108] ngandika kados punika | kakang uwis karsani Yyang Maha Suci | apa kang winicara ||
16. mêko ingsun arsa anglampahi | marang Pasuruan lah bubarna | wong Mataram gêgamane | bêndhe Ki Bicak ngukung | sigra bubar gaman lir ardi | Senapati nèng wutat | Pasuruan rawuh | Senapati masanggrahan | kawarnaa Pasêdhahan Ki Dipati | rêmbag ar[109] nukula |[110]|
17. ngrasa tan kawawi nadhahi |[111] têpa palupine wong bang wetan | apikir ja rusak wonge | sadaya sami rêmbug | wontên bupatine sawiji | playon sing Balambangan | Kanitèn ranipun | matur kula batên rêmbag | kula purun amungsuh ing Senapati | angadua karosan ||
18. sagêndhinge pan kawula wani | angadua sapucuking tubak | tandhinga tose kulite | lan kathah sanggupipun | dèn tontona prang kula benjing | sakèh wong Pasuruan | aja na kang milu | turuna surak kewala | sajêg kula urip dèrèng wruh rasaning | ing sêga kang sun têdha ||
19. anging kuknir[112] kang kawula bukti | bokmanawa nora kadi ingwang | Senapati digdayane | tan kacangking murdèku | Senapati dening sun iki | lawase kula sêdya | make parêng pangguh | yèn mêngkono isun pasrah | marang sira sarupane wadya mami | apa ta karsanira [karsa...]
--- [f. 169r] ---
[...nira] ||
20. iya nora milu-milu mami | Kanitèn tur sêmbah dèn pracaya | ngeca-eca nèng purane | suwarèng bala agung | adandana tontonên mami | padha jurungên surak | ingsun aprang pupuh | lawan Senapati Nglaga | sigra bubar kocapa Ki Senapati | sineba dening wadya ||
21. kadang pêpêk Măndraka nèng ngarsi | angandika lah kakang Măndraka | lawan sanak ingsun kabèh | aja na ikang milu | nidhihana gêgaman wuri | lawan têngêran iwang | wruhanira iku | kakang musuh iki awrat | nora kêna lonthe-lonthe anadhahi | bêbayani sisipa ||
22. ingsun papag namur karsa mami | anging bakta wadya kawan dasa | waos cêmêng dharat bae | padha rasukan wulung | poma kakang ja bah kang baris | yèn durung sun karuwan | bubar sang aprabu | sampun wahana turăngga | pun Camuris irêng ulêsirèng nguni | sinami pangagenya ||
23. rasukan cêmêng Ki Senapati | udhêng wulung sabuke kalêkah | nyampinge wulung angêne | angêntèni dinulu | Kyai Juru tansah ing wuri | pan lirih lampahira | dyan nulya kapêthuk | Kanitèn lan Senapatya | Ki Kanitèn amuwus lah sira iki | wong apa ngadhang marga ||
24. êdi[113] Senapati ing Matawis | Panêmbahan aris angandika | ika anèng wuri mangke | nitihi gaman agung | iya ika ta gusti mami | isun ikang lêlurah | nubak cêmêng iku | kathahe [ka...]
--- [f. 169v] ---
[...thahe] mung kawan dasa | ingsun kin[114] amapaga ing ajurit |[115] anglawana ing sira ||
25. Adipati Kanitèn sira ngling | pan anglênggak sarwi latah-latah | sira iki paksa ngêne | dening kudu kumingsun | musuh mami pa nora myarsi | yèn sun pujul digdaya | Senapati iku | pantês lawanku ayuda | lah mirea Senapati anauri | ora gêlêm mirea ||
26. lamun isun durung angêmasi | Kanitèn maju maksa ngadhangan | Kanitèn nudingi mangke | abeka sira iku | nora kêna ginawe bêcik | ngèkèl[116] basên agêsang | Senapati muwus | sanadyan si mêngkonoa | bot ngawula tumêkaa lara pati | măngsa sun gumingsira ||
27. yèn mêngkono iya sun ladèni | anubaka mara pilihêna | sami ngêtab turanggane | surak amor gumuruh | nubak gêbang-ginêbang sami | wus larih-linarihan | samya têguhipun | Dipati Kanitèn nubak | wali-wali Senapati tan gumingsir | Kanitèn kasayahan ||
28. tèk budine dangu dènnya jurit | Kanitèn arsa anubak kapal | arsa ngakahi tibane | tinubak pathakipun | kapalira Ki Senapati | abandhang ngênêr ngilyan | Kanitèn lok asru | ja lumayu abalia | hèh Kanitèn sira aprang nguciwêni[117] | kaya dudu prawira ||
29. têka jaran kang sira larihi | Panêmbahan angingêrkên [angingêr...]
--- [f. 170r] ---
[...kên] kapal | Kyai Juru nyandhak age | dèn lirih kaki prabu | lah têdhanên maring Yyang Widi | Senapati asalat | sumukêm ing kêpuh | anêdha ngèsthi ing nala | gampangêna kalahe musuh ngong iki | ênêkung[118] Senapatya ||
30. amaladi ing samadi êning | nêgês karsa Sang Murwèng Paningal | wus padhang wungu sang rajèng | tinatap waosipun | hèh Palèrèd sun jaluk mangkin | gawenira sapisan | iki lah wong iku | prihên lumpuhe kewala | sigra mangsah ngêmbat lawung Senapati | Kanitèn asru ngucap ||
31. sira bali pantèn wani maning | Senapati Kanitèn tinubak | gandhune kagyat tibane | lupa tan darbe bayu | sampun lempoh tan bisa tangi | Panêmbahan angucap | paran ta karêpmu | Kanitèn mujar manira | nora duwe karsa mapan ingsun iki | ya wis dadi bêbathang ||
32. yèn kênaa ingsun jaluk mati | datan arsa sun matèni sira | Senapati mudhut mangke | jaran wadon puniku | ikang picang[119] wus katur ngarsi | nora angago rarab | Panêmbahan muwus | Kanitèn sira muliha | matura gustimu yèn sira kajadhi[120] | Kanitèn tan sawala ||
33. wus tinugangakên jaran èstri | pan lumampah kinèn ngiringêna | wong patang puluh rowange | balanira lumayu | ngalun-alun Kanitèn prapti | nulya sira tumama | ki diti[121] [di...]
--- [f. 170v] ---
[...ti] dulu |[122] asru marase ing nala | saryya angling Kanitèn sira kapanggih | Senapati Mataram ||
34. kula tan panggih dipun adhangi | lêlurah nubak cêmêng satugal | dadya atêmah sêmene | akathah aturipun | ki dipati kalakung runtik | yaiku Senapatya | Kanitèn gêgêtun | dipati nibali kalang | kinèn ngêthok Kanitèn dipun wadungi | gulune nora pasah ||
35. kathah putung wadunge anuli | sinokan timah cangkême pêjah | ki dipati ngandika lon | Kanitèn turna gupuh | mara Panêmbahan Matawis | sarta gawaa sêgah | turna baktinisun | duta winêling wus kesah | Ki Kanitèn jisime binakta nuli | wus prapta ngarsa nata ||
36. duta matur saha awotsari | kula nuwun ngutus rayi tuwan | Pasuruan tur baktine | ngaturkên jisimipun | pun Kanitèn purwane wani | rayi tuwan tan sêdya | amusuha prabu | mangke katura sadaya | rajabrana Pasuruan jroning puri | tan angrasa gêgadhah ||
37. angandika prabu ing Matawis | isun tarima ikang pracaya | ari Pasuruan mangke | matura sun yun mantuk | ariningsun mênênga dhingin | pa karêpe wong wetan | ja sawala kayun | ya têka dèn lakonana | duta amit Pasuruan sampun prapti | katur salampahira ||
38. ênêngêna kocap Senapati | arsa bubar mulih wus tangara | wong Mataram badhol kabèh | tan kawarna [ka...]
--- [f. 171r] ---
[...warna] wus rawuh | ing Mataram prabu wus manjing | ing pura garwa mapag | putri ing Madiyun | kinanthi ing para garwa | ênêngêna Mataram ikang winuni | nagri wetan wikingan ||
38. Pangkur
1. kang lumayu Ki Mas Lonthang | sampun lama anèng ing Surabanggi | pan sampun pinupu mantu | tinanêm ana Japan | Pangran Êmas tinanêm Kadhiri iku | lamip[123] Pangran Êmas seda | kang tinanêm ing Kadhiri ||
2. dening Pangran Surabaya | Ratu Jalu kang tinanêm Kadhiri | Wirasaba kang tinandur | Kyai Răngga Pramana | Pasuruan dèn tanêmi aranipun | tumênggung ing Kapulungan | kacatur korak ing bumi ||
3. ajêjamah sami lanang | ênêngêna kocapa kang winuni | Senapati kari ku |[124] gunêm lan arinira | dhine malih awasta Kenthol Jêjagu | arine wuragil pisan | Kartimăngsa arannèki ||
4. angucap Ki Senapatya | ngong amirsa kang wirayat ing nguni | mangulon jaman ngêripun | cinêtha ing Mataram | mutêr jaman mêngko saya ngrabda iku | atis iki jaman wetan | ye[125] sambada lan sirèki ||
5. isun arsa angawula | mring Mataram sang raja ing Matawis | sun dêduga nora wurung | anglurug mring bang wetan | samya rêmbag Nayakarti dyan ingutus | atur surat mring Mataram | wong sadasa kang angiring ||
6. gêgancangan lampahira | kunêng Nata Mataram lagya siniwi |[126] mantri santana tumênggung | Dipati Măndaraka | lan Dipati Mangkubumi jajaripun | Adipati Singasêkar | kang putra [pu...]
--- [f. 171v] ---
[...tra] sêsanga nangkil ||
7. putra èstri tan kawarna | pan wêwalu ikang jinujung ligih | wontên putra lagya rawuh | rine Kenthol Kajoran | Radèn Tiron saking Giring ibunipun | Radèn Gathot arinira | punika kang nugil bibi ||
8. nanging Radèn Tiron ika | salamine ênênggih[127] wontên ngardi | ginadhahkên eyangipun | Ki Agêng Giring ika | gènnya sowan sarêng aprang ing Madiyun | walune Dèn Tiron ika | samya jumênêng bupati ||
9. putra kang tuwa Dèn Răngga | sampun seda Dèn Tiron ajangkêpi[128] | sadasa putra sang prabu | Kenthol Kajoran rannya | Adipati Pugêr Ki Mas Damar iku | kasih Dipati Juminah | Ki Mas Gathot akêkasih ||
10. Pangeran Wiramênggala | apan dadya bêbanthèng nagri Matawis |[129] kang raka Dèn Tiron wau | Pangeran Purabaya | pan pagulu Dipati Pugêr kang sêpuh | dening putra kang panêngah | jumênêng pangran dipati ||
11. ginandhang[130] gêntèni nata | Ki Mas Bathathot[131] Dipati Jayaragi |[132] Ki Mas Bagus namanipun | Dipati Têpasana | Ki Mas Gawat Dipati Pringgalayyèku | kang dèrèng jinujung lênggah | putra kalih taksih alit ||
12. akêkasih Mas Tabaga[133] | Mas Kadhawung wuragil maksih alit | nêngna kocap ka lumaku | Ki Nayakarti prapta | ing Mataram katur wontên [wo...]
--- [f. 172r] ---
[...ntên] duta rawuh | sing Kadhiri tinibalan | Nayakarti awotsari ||
13. matur tur surat tinampan | kunêng bêbukaning tulis atur bakti |[134] saking kawula pukulun | di dalêm Senapatya | ing Kadhiri katura Prabu Matarum | kang sinêmbah Ingalaga | kang sampun tuk sihi Yyang Widi |[135]|
14. kalawan ikang safangat | kangjêng nabi duta Muhamad kasih | myang barkat wali sadarum | kang sinare ing Jawa | sarta ikang sawab-sawab kang lêluwur | panjangêna ikang yusya | sasampuning ikang bakti ||
15. pukulun pun dasih arsa | angabdi ing pada paduka aji | dadia pakathik ulun | sèn[136] sampeyan sudia | mupu amba atur pêjah gêsang prabu | kinarya pangarit suka | la-êla kawula igih ||
16. karsa angabdi sang nata | ing saturun-turun aba andasih | dhumatêng dhêdhak[137] sang prabu | igih mugi sudia | ngabdèkakên mring pun Senapati Prabu | têlas saèsthining manah | wus kawrat sadalêm tulis ||
17. ya ta mèsêm jroning nala | Pênêmbahan[138] mrirsa[139] saungêl tulis | angandika sang aprabu | Nayakarti sun trima | pracayane anak Senapati mring sun | jumurung donga Pangeran | tinêtêpna imannèki ||
18. olèhe rêp duwe bapa | marang isun sutèng ngong
--- [f. 172v] ---
Senapati | nanging sun sumaya besuk | lamun wulan Muharam | ing nutusan[140] mapag dandana gupuh |[141] pinasalin Kartimosa[142] | sapangadêg lawan picis ||
19. tinundhung binakta surat | Nayakarti tur sêmbah sigra amit | tan kawarna wisma rawuh | marêk ing kakangira | sapolahe wus katur myang surat prabu | tinampan tinigil[143] sirah | anulya sinukmèng ati ||
20. pèngêt jêbèng layang iwang | dhumatênga Senapati Kadhiri | dhingin salam donganisun | lan sira atur surat | marang isun wis sun tupiksa sadarum | kaliwat tarimaniwang | de sirarsa mring Matawis ||
21. angaku bapa maringwang | liwat suka sun dêdonga Yyang Widi | antuka safangatipun | Kajêng Nabi Muhamad | tinêtêpna ngiman pinajangna[144] ngumur | nging benjang wulan Muharam | isun papag putra mami ||
22. anuli sira makata | lamun sira sayakti bêbukan tulis |[145] kawrat ing sarasanipun | andhêku Senapatya | lakung suka pangrasane wus têtêmu | kalih Kajêng Panêmbahan | êntêng[146] sukanirèng ati ||
23. ênêngna datan winarna | ing Mataram kang winursitèng kawi | wus prapta ngubayanipun | mangke sasi Muharam | Panêmbahan miyos pêpak wadya agung | ngandika dhatêng kang putra | Wiramênggala
--- [f. 173r] ---
sun tuding ||
24. sira angirida lampah | amapaga Senapati Kadhiri | Si Alap-alap Tumênggung | sira angêmbanana | putraniwang ing iya lan dudunipun | sira ikang ngudurêna | lan mantri Majêgan sami ||
25. kabèh lah padha milua | wong Kajoran Pajang lan Jagaragi | Dêmak ngiringa putrèngsun | nanging ta wêkas iwang | lamun èstu Senapati yèn acudhuk | Si Tumênggung Alap-alap | mringa Rawadalêm benjing ||
26. yèn Rawadalêm wus kalah | bayongana wêling dalêm wus ênting | nêmbah bubar saking ngayun | Madiyun gèn barisan | Ratu Jalu sineba ngaturan wêruh | lamun wong Mataram prapta | Ratu Jalu duta aglis ||
27. dhumatêng ing Surabaya | sung uninga yèn arsa dipun gitik | Japan Wirasaba wau | Pasuruan Pamalang | lan Lumajang Kartasana cawis sampun | wong Mataram sampun prapta | mondhok Kartasana uni ||
28. sakilèn Kadhiri ika | mujur ngidul Pakuncèn wastanèki | tutug kidul kilènipun | Kadhiri kang kawarna | papak[147] paseban Senapati tan milu | ayade lagi kalaran | apracaya mring kang rayi ||
29. awasta Ki Saradipa | mugèng ngarsanira sri narapati | jajar sira mantri agung |
--- [f. 173v] ---
sri bupati ngandika | kakangira tan ana sru sakitipun | yèn kakangira alara | sira angirida baris ||
30. mapag prange wong Mataram | lah bubara ngirida wong Kadhiri | tangara bubar wadya gung | wong êlèr dèrèng prapta | mung Sarêngat Balitar Malang kang bantu | lawan Rawa wus lumampah | katingal bala Matawis ||
31. pan sampun ayun-ayunan | Saradipa ikang dadi pangarsi | katawang anèng ing ngayun | wong Mataram uninga | winangsitan aja na nêmêni iku | acampuh kang punang yuda | wong Kadhiri abêdhili[148] ||
32. nging Saradipa sawadya | bêdhilira ngarêpkên midhuwur sami |[149] wong Mataram bêdhilipun | norana minimisan | nging kèri kanan anêmên gènnya campuh | apêrang tutug sadina | malah kasaput ing wêngi ||
33. kocapa kang anèng wisma | Senapati ngandika mring ari kalih |[150] katiga lan mantrinipun | prayayi Giri wasta | Mas Balibing[151] punika ingambil mantu | lah padha sira dandana | sun lalos sawêngi mangkin ||
34. hèh manawa karainan | ngalupuka[152] sakèhe rayat mami | sawiji aja na kantun | ri sampunnya mangkana | Saradipa sarayate sampun rawuh | jalu [ja...]
--- [f. 174r] ---
[...lu] èstri wus adandan | prasamya angati-ati ||
35. Senapati sampun bubar | sakèh ngèstri kinêpang nèng têngah sami |[153] Saradipa sinukan wruh | Saradipa wus bubar | kang santana jinawilan patang puluh | wus têbih sing pamodhokan | wus panggih lan Senapati ||
36. lumampah sampun anugal | sarêng èji[154] mring wong akèh kawarti | Saradipa lalos dalu | arsa balik Mataram | katur Ratu Jalu nulya kinèn nusul | tangara wadya sumahab | kacandhak Ki Senapati ||
37. ing Karakal bratayuda | Mas Balibing mantune Senapati | tumandang mangsah angamuk | kinarubut punggawa | ing Kadhiri punggawa akathah tatu | atanapi ikang pêjah | kathahên lawan Mas Blimbing ||
38. wus kanin Dyan Senapatya | pan tumingal santana ingatag sami |[155] kèhe satus patang puluh | sarêng nêmpuh wong wetan | kathah tatu apuyêngan pêrangipun | Senapati autusan | mring Dèn Wiramanggala glis ||
39. wus katur sigra ingatag | wong Mataram mêthuk ing Senapati | prajurit sandêran rawuh | dyan ngamuk wong Mataram | wong bang wetan kèh pêjah gègèr lumayu | ngusi kutha têtêg lawang | Senapati
--- [f. 174v] ---
sampun prapti ||
40. pamodhokan sigra mapag | Radèn Wiramênggala sampun kapanggih |[156] sêsalaman sanakipun | sami atur kang salam | kakang salam dongane rama dikèku | Senapati nêkêm sirah | anuwun ture mad[157] ati ||
41. wus lêgah ing pasanggrahan | angandika Dèn Wiramêgala[158] ris | Lap-alap banjura nglêbur | ing Rawadalêm ika | kèh bupati sira angirida laku | umatur Ki Alap-alap | batên pbinêdhah[159] Kadhiri ||
42. nora wani tan winêkas | kajêng rama nora kon bêdhah Kadhiri |[160] ngirida bupati catur | manira arsa bubar | ngiringakên kakang Senapati iku | kinèn lajêng mring Mataram | Panêmbahan ngarsa-arsi[161] ||
43. Ki Senapati angucap | yèn sawawi binêdhah ing Kadhiri | kula adunên prang pupuh | mênèk dede kang karsa | rama dika ing Mataram kang sinuwun | Lap-alap sampun lumampah | Rawadalêm dèn lurugi ||
44. kandhaga lante sakawan | kang angiring radèn kèn tangara glis | gêgaman bubar sadarum | Senapati nèng ngarsa | sasanake prawira anèng ing pungkur | Radèn Arya anèng têngah | kapalan kang anèng wiking ||
45. dohe lête saojotan[162] | lan gêgaman agêng bilih
--- [f. 175r] ---
manawi | tinututan aja kuwur | lampahe sampun prapta | Jagaraga apan arêrêb ing riku | anganti Ki Alap-alap | wus duta ngaturi uning ||
46. yèn Senapati kabakta | anèng margi Alap-alap winuni | Rawadalêm wus kinukud | wus mudur bêboyongan | anèng ngarsa Jagaraga sampun rawuh | katur Dèn Wiramênggala | sakèh bêboyongan nuli ||
47. sagupita baris bubar | sakèh bêboyongan dinèkèn anèng ngarsi |[163] kocapa ikang ingutus | prapta ngarsa tur sêmbah | lampah kula sinuwun nênggih ingutus | dhumatêng putra paduka | tur uninga lampahnèki ||
48. Rawadalêm sampun bêdhah | têtiyange gusti wus kinarigid | miwah Senapati iku | ing Kadhiri kabakta | angantosi tibalan dalêm sang prabu | sri narendra angandika | dhatêng ing wadya sarati ||
49. gajah ingsun plananana | paèsana poma dipun abêcik | Panêmbahan sampun mundhut | pangage saryya endah | kampuh dhuwung calana panisêtwipun[164] | amudhut kawan gagragan | miwah pangane èstri |[165]|
50. sêlir dalêm pan satugal | kinèn mêthuk rabine Senapati | ingiring wong tigang atus | ya ta anuli [anu...]
--- [f. 175v] ---
[...li] bubar | gajahira ikang lumakya ing ngayun | datan kawarna ing marga | samana sampun apanggih ||
51. rabinira Senapatya | pinasalin pangage adi-adi | Senapati apan sampun | pinapag ing busana | kitibalan[166] rama dika kinèn laju | pan tansah ingarsa-arsa | inganti wontên ing jawi ||
52. wus laju prapta nagara | wus tumamèng alun-alun Matawis | Radèn Arya sowan prabu | pinèpèkkên sadaya | Senapati sasanak nèng wringin kurung | ngandikan laju mring ngarsa | cumudhuk samya ngabakti ||
53. angandika panêmbahan | putraningsun angujunga mring mami | Senapati sèlèh dhuwung | anglasur[167] gèn lumampah | dyan manêmbah suku sang ngusapi lêbu | gigirira Senapatya | ingusap-usap sang aji ||
54. êndi dulurira Sara- | dipa lawan Si Jêjanggu rannèki | Senapati nêmbah matur | punika ikang lênggah | pungkuripun putra paduka sang prabu | kêkalih abdi sampeyan | padha ngujunga mring mami ||
55. nêmbah sèlèh kêrisira | kêkesodan ngujung sumukêm sikil | ngêmak-êmak sirahipun | Saradipa de nata | Senapati tan kawawa ciptanipun | nandhang sihira sang nata | apa sun walêsna kang sih ||
56. Saradipa Kartimăngsa | Ki Jêjanggu mangkana ciptanèki | tan angrasa darbe umur |
--- [f. 176r] ---
Senapati tur sêmbah | sêtya ămba badan kawula sakojur | katura dhatêng sang nata | rabut[168] gêtih sungsum daging ||
57. pêjah gêsang ngong katura | abdi dalêm têtiga katur sang aji |[169] ămba tan duwe sadulur | nging sêtya tuhuniwang | tan kumêdhap anging tuwan gustiningsun | yèn ngipia gusti liyan | mugi sun ja dadi jalmi ||
58. tarima baktimu mringwang | muga tinêtêpêna imanirèki |[170] tinêkana sêdyanipun | panêmbahan ngandika | lah ta padha ngèstokêna wong Matarum | lah ki jêbèng Senapatya | ing mêko sun akên siwi ||
59. sun karya putra pangarsa | hèh sakèhe putra-putrèngsun iki | basaa kakang sadarum | dèn atut akêkadang | sira padha ngèstokêna ujar isun | kang putra samya pranata | sinung desa Senapati ||
60. sèwu gangsal atus kèhnya | Saradipa wong dhomas lênggahnèki | arine kalih wus sinung | karya nêmatus sowang | umahira wus cinawisan sadarum | wus sawulan laminira | sang nata sineba mantri ||
61. tumênggung santana putra | panêmbahan ngandika mring Senapati |[171] balik jêbèng putraningsun | arimu Saradipa | ingsun pudhut ngawulaa dhewe mringsun | Senapati atur sêmbah | kawula adarmi-darmi ||
62. kang gadhah abdi sampeyan | badan kawula [ka...]
--- [f. 176v] ---
[...wula] sakojur ngawula ji |[172] sampun sanès jasad umur | kawula tan lênggana | nadyan umur kawula pudhutên katur | gusti kang darbe sampeyan | panêmbahan ngandika ris ||
63. lawan maning saprakara | kaki ingsun durung duwe kuthyèki | sira karyakêna ingsun | Senapati tur sêmbah | wong Mataram udhangana karya banun | pêthak abrit dipun kathah | yèn wus kumpul atur mami ||
64. kinarya kutha bacingah | apan sampun wong cili dèn udhangi | prasamya akarya banun | bata bang bata pêthak | wus cumawis andan prasamya anyambut | sadaya wadya Mataram | kutha bacingah wus dadi ||
65. nora ngago bêbolongan | panêmbahan ngandika alah kaki | jêbèng Senapati iku | kaya pa karsanira | nora ngago lopongan[173] bêdhil turipun | punika sêdya kawula | lamun wontên musuh prapti ||
66. wadya ngêkêba ing kitha | lamun musuh sêdya mrêp agêng prapti | kula mapag jawi banun | sampun gêpok nagara | kawula kang magut nalangi ing lampus | yèn kangsi gêpok nagara | ămba wirang wong Matawis ||
67. adawa lamun winarna | kutha bacingah wus dadi dèn babadi |[174] trus lunga mangalor iku | miyos Raja Mataram | nitih liman angandika [anga...]
--- [f. 177r] ---
[...ndika] sang aprabu | payo jêbèng nugang gajah | awotsinom Senapati ||
39. Sinom
1. anuwun ajrih kawula | dados punapa wak mami | jajar lan paduka nata | ila-ila kang kapanggih | dharat kewala mami | panêmbahan ngandika rum | pa nganti ingsun têdhak | Senapati awotsari | nulya mugah ing adha[175] luhur wus prapta ||
2. alênggah anèng palana | ngandika Raja Matawis | jibèng[176] sun mirsa wirayat | pucang tirisan Matawis | wong wetan ngrusak benjing | tanêm tuwuh ing Matarum | turira Senapatya | yèn istu yèn istu kalakung dening |[177] ămba wirang tumingal wadya Mataram ||
3. lamun aba taksih gêsang | kangsi linêbur Matawis | kawula wirang ing jalma | ămba têdha ing Yyang Widi | yèn wong wetan lumaris | kawula punagi besuk | kamangkara nak iwang | gaib parentah Yyang Widi | priye uga putrèngsun gone sumigah[178] ||
4. wingi turing kajinêman | samyarsa dus ing Sêmagi[179] | sakathahe wong bang wetan | lampahe ikang angirid | Si Adipati Gêndhing | ing Surabaya puniku | Pasuruan lumampah | ngirid Dipati Pasagi | ing Kadhiri kang aran Ragalêlana[180] ||
5. rumiyin tiyang bang wetan | datan purun dhatêng mami | lah jêbèng padha tinitah | ja sira jubriya kibir | padha umat [u...]
--- [f. 177v] ---
[...mat] tan kêni | sira ina putraningsun | rèh dening ing agêsang | sukur rêna genên kaki | awotsêkar sampun angidêri kitha ||
6. anulya dhatêng pasowan | tumêdhak saking ing èsthi | Senapati bukuh lênggah | mukanya konjêm ing siti | putra ngong Senapati | ligiha lan rinirèku | yya mulih-mulih sira | sri narendra majing puri | anibali kang para garwa sadaya ||
7. Senapati ingandikan | putra sêntana dipati | ja na mulih angantia | wêtune Ki Senapati | wus lajêng manjing puri | lênggah wontên nglatar bukuh | jêbèng dèn mara ngarsa | ingawe ligiha ngigil | ajajara lan biyangira sadaya ||
8. anuwun sangêt jrihira | apa ngati[181] dèn parani | dening biyangira nulya | pranata asèlèh kêris | genên dhuwungirèki | wus rakêt lawan sang prabu | cinandhak kèn ajajar | kalawan kang para rabi | pêpudhutan gya prapta kalih ambêngya ||
9. adhahar lan pramèsyara | garwa paminggir anugil | adhahar lan Senapatya | dangu wusan dènnya bukti | panêmbahan lingya ris | jêbèng sun durung andulu | ngago bêbadhong sira | apa nora dhêmên kaki | atur sêmbah adarbe badhong kawula ||
10. sawiyos batên prayoga | tan wontên niyakanèki | panêmbahan angandika | biyangira duwe kêndhit |
--- [f. 178r] ---
tur nayakane adi | masthi awèh sira jaluk | kagya[182] Ki Senapatya | miyarsa dikaning gusti | ciptanira dhuh nora kawawa ingwang ||
11. nadhahi sih gustiniwang | kang sinêmbah ing Matawis | tulusa mêngku nguwana[183] | sinebaa para aji | anging ta awak mami | kawalêsa sihing prabu | benjang yèn ana aprang | muliha bandhusa mami | wurung mati aja wurung kanin iwang ||
12. saking tan kawawa nandhang | bêbadhong sampun rinakit | tinudhung mijil wus prapta | paglaran bubar kang nangkil | ênêngna ing Matawis | ana malih kang winuwus | wong agung ing bang wetan | sampun atata kang baris | arsa nglurug dhumatêng nagri Mataram ||
13. Dipati Gêndhing kalawan | Ki Adipati Pasagi | puniku kang ngirid lampah | têtidhihing Surabanggi | Rogalana Kadhiri | Japan Wirasaba kumpul | Pasuruan Lumajang | ing Malang Pugêr lan Têri | Rênon lan Singasari myang Panarukan ||
14. ing Cakru myang Banyakpêthak | nagara kidul winarni | Srêngat Balitar lan Rawa | Kalangbrèt myang Ponaragi | pasisir kang winarni | Lamongan lawan Sidayu | Garêsik miwah Tuban | Lasêm lawan Aribanggi | kalupukan nèng Madiyun parêmbagan ||
15. pinaju ro wong Mataram | wus bubar Dipati Gêndhing | mêdal êlèr lakung gêngya | kang mêdal kidul Pasagi | kocap [koca...]
--- [f. 178v] ---
[...p] Prabu Matawis | sineba ing wadya agung | panêmbahan ngandika | lah ki jêbèng Senapati | paran karsanira wong wetan lumampah ||
16. pinaju ro ing Mataram | mêtu lor Dipati Gêndhing | Jatisari barisira | mêtu kidul Si Pasagi | ing Ngutêr barisnèki | êndi pinapag rumuwun | tur sêmbah Senapatya | sumăngga karsa nêrpati | nging sampeyan sinuwun sampun lumampah ||
17. ngamungna dening kawula | lan sakathahing putra ji | jênêngana ing kawula | yèn kênaa putra mami | ingong milu mêtoni | ture sangêt nuwun ingsun | yèn aba taksih gêsang | awêl[184] sih dalêm nglakungi | yèn wus pêjah kawula sakarsa nata ||
18. yan sun iring karsanira | adandana wong Matawis | sampun siyaga sadaya | sadandananing ajurit | putrèngsun sanak mami | padha milua sadarum | ngiringa Senapatya | turutên sakarsanèki | sampun pêpak ngalun-alun kang gêgaman ||
19. malah ambèr têkèng pasar | lêlurung kèbêkan baris | lah jêbèng padha bubara | sun srahakên i Yang Widi | putra-putra ngabakti | Ki Senapati angujung | wus dèn angatya-atya | punang tangara wus muni | Kyai Bicak ngakang wong Mataram bubar ||
20. mantri kilèn anèng ngarsa | kasambungan wong Matawis | para kadang anèng wutat [wuta...]
--- [f. 178ar] ---
[...t] | anèng têngah Senapati | putra-putra nèng wuri | păntha-păntha kadya gunung | nèng taji tatan-tatan | amuwus Ki Senapati | yèn sawawi pangeran ing Purabaya ||
21. dadosa têtidhih yuda | akalihan ikang rayi | ing Pangeran Jayaraga | lawan Panji Wirabumi | Malangsumirang nguni | Pangran Mangkubumi muwus | alah sakarsanira | Ki Ngabèi Wirapati | lan Ngabèi Kartiwadana kalawan ||
22. sakathah tiyang Kajoran | ikang dadia pawiking | dawêg gèr dika lumampah | wus bubar gêgaman sami | kang dadi senapati | Pangran Purabaya iku | kang kari masranggahan | ing Taji Ki Senapati | nulya matur dhumatêng ing para putra ||
23. miwah Pangran Mangkubumya | sawawi anggèr lumaris | nulya bubar kang gêgaman | Mantri Pamajêgan ngarsi | Ki Angabèi Rawi | Ngabèi Jênar Tumênggung | Bacor tuwin Ki Dêmang | Kalêng Kalêgèn Ngabèi | lan Ngabèi Ngawu-awu sinambungan ||
24. dening mantri ing Mataram | Wiratanu Ki Ngabèi | lan Tumênggung Singajaya | Arya Panular anuli | Patrabăngsa Ngabèi | Arya Jagabaya iku | lan Dêmang Tanpanaha | Tumênggung Wiranêgari | atanapi Ki Tumênggung Jawiraga ||
25. iku mantri ing Mataram | sami prawira ing jurit | têguh-têguh tau tatal | ing
--- [f. 178av] ---
wêweka wus pratami | nèng têngah Senapati | ingiring saduluripun | ikang lumampah ngarsa | pangeran ing Mangkubumi | lan kang rayi pangeran ing Singasêkar ||
26. pra putra lumampah wutat | Pangran Têpasana uni | Pangran Pugêr wurinira | Pangran Wiramênggalèki | nulya Pangran Dipati | tan têbih ban anut tumut | Pangeran Pringgalaya | nèng ngarsa kang raka uni | Kajêng Pangran Dipatya nagri Mataram ||
27. nênggih Pangeran Juminah | êmban Ki Nitik tan têbih | wikinge Pangran Dipatya | wus prapta Kali Sêmagi | ngucap Ki Senapati | Pangran Mangkubumi iku | dados pangawat kiwa | sakèhe wadya Matawis | abarisa têngah dadya gêgunungan ||
28. dening kawula piyabak | mangawat kanan nibangi[185] | kalawan sanak kawula | kang mêtu lor tata sami | kang mêtu kidul panggih | Pangran Purbaya lan mungsuh | sampun campuh ayuda | lawan Dipati Pasagi | kèhên lawan sigra prajurit Mataram ||
29. sigra ngawaki sadaya | ngamuk Pangran Purbaya glis | kalawan ta arinira | nrajang Panji Wirabumi | lir macan Wirapati | Malangsumirang angamuk | miwah Kartiwadana | tandange lir banthèng kanin | nora pasah akathah braja kang rêmpak ||
30. pangeran ing Purabaya | kinarubut lan kang rayi | kinarayok ing sanjata | sinasog suligi lêmbing | tibane [tiba...]
--- [f. 179r] ---
[...ne] kadya riris | tan miris kang saya purun | ngorak-arik pangeran | wong wetan akathah mati | wus kalidhih prajurite ting sulayah ||
31. mangalor palayunira | agalong sisaning mati | gêndring Pasagi Dipatya | karsanira pan anugil | gamaning Jatisari | Ki Senapati acampuh | ukih-ingukih ramya | narajang Ki Senapati | [...] ||[186]
32. [...] | [...] | [...] | [...] | lawan kadangirèki | arampak dènira ngamuk | kathah tatu wong wetan | Si Ranupang wus ngêmasi | dyan tinigas wong wetan sampun lumayya ||[187]
33. ngusi baris Jatisêkar | Ki Saradipa tut wuri | lan Jêjagu Kartimăngsa | Senapati anèng wuri | ngiring wong magêrsari | anging wadya patang puluh | Ki Senapati ika | kaponakane Pasagi | pamanira punika dipun upaya ||
34. dènira Ki Senapatya | mêngkana ciptaning ati | yèn katamua[188] si paman | arêp sun tandhing kawanin | angadu tosing kulit | miwah tosing ing bêbalung | arêp sun cicipana | têtubake man Pasagi | iya baya dening nora kaparêngan ||
35. baya wus karsaning Sukma | Ki Adipati Pasagi | saking kidul kang kabêdhag | kaprêgok lan Senapati | Ki Pasagi ningali | hèh bocah sapa ta iku | lumampah lan pacara [pa...]
--- [f. 179v] ---
[...cara] | ingiring wong magêrsari | wadya matur putra dika Senapatya ||
36. Dipati Pasagi sênggak | kêplok ngucap nampèl wêntis | adhuh bage sira nyawa | gandhèrèh panggih lan mami | salawas sun ulati | sun pinta-pinta ing kalbu | Ki Pasagi sêsumbar | gandèrèh talihên[189] mami | abalia di rupane rainira ||
37. payo rêbat kasudiran | aja na mudur sajari | sigra nalèh[190] Senapatya | ikang paman dèn tingali | payo bocah abali | si paman Pasagi iku | angudhat-udhat[191] mringwang | sukur bage man Pasagi | lamun rika katêmu sun pinta-pinta ||
38. sun ulati sadangunya | ja lyan pakanira jurit | nulya Senapati mangkat | ingiring wong magêrsari | mung waos kawan dasi | sigra anulya katêmu | Pasagi suka-suka | gandèrèh sira wus mukti | dening sira nora wêruh kabêcikan ||
39. akathah inguman-uman | anêmbah bèbèt wong cili | dumèh ngawula Mataram | Senapati anauri | hèh sira man Pasagi | nyanyah-nyunyah yèn calathu | dèn wêwacok mêtua | pantês binacuk ing kêris | Ki Pasagi kèh ngucap ja kèh rêrasan ||
40. hèh tabe paman manira | anauri Ki Pasagi | hèh Senapati tan ana | anak lan bapa wong jurit [ju...]
--- [f. 180r] ---
[...rit] | padha rêbut sih gusti | lah payo aja na mundur | balane kinêjepan | kinarubut Senapati | nulya ngamuk lan magêrsari kewala ||
41. ikang tinarajang bubar | akèh tatu akèh mati | Dipati Pasagi mara | sêsumbar nyamêthi wajik | gandere[192] dèn mring ngarsi | isun musuhira pupuh | analèh Senapatya | wus liwung pangamuknèki | sigra nubak Pasagi jakêp ping tiga ||
42. tan pasah Ki Senapatya | angucap paman Pasagi | tèkêna karosanira | paman ja kasusu ugi | malês Ki Senapati | Ki Pasagi dipun lawung | pasah jajane bêncah | sayah Dipati Pasagi | bari lalu winalês Ki Senapatya ||
43. gulu iringe kang kênê |[193] pasah sawuku anuli | Ki Senapati aniba | Ki Pasagi wus ngêmasi | sampyuh nèng papan uni | rinêbat ing balanipun | Pasagi binandhusa | kawarnaa wong Matawis | Ki Ngabèi Patrabăngsa sampun wikan ||
44. lamun Senapati aprang | sigra anulya nulungi | pangeran ing Purabaya | ikang bujung Ki Pasagi | saparan dèn tut wuri | nuli mirsa surak umung | tandang sarêng praptanya | lan Patrabăngsa Ngabèi | ngi datan wikan patine Senapatya ||
45. binadhusa[194] layonira | Pangeran [Pangera...]
--- [f. 180v] ---
[...n] Purabaya ngling | payo egal tinututan | sadaya olèha udhil | mandah dukane kyai | iya kêkasihe lampus | pan nora olèh bela | binêdhag mêsah agêndring | Ki Pasagi layone sampun kacandhak ||
46. bandhusa sampun pinêcah | layone tinigas wani | ya ta wau kang winarna | pangeran ing Mangkubumi | lan Pangeran Dipati | miwah pra putra sadarum | Ngabèi Patrabăngsa | matur Senapati lalis | Pangran Adipati Mangkubumi mênggah ||
47. nampèl pupu kalih pisan | kêkasih dalêm ngêmasi | dadya apa wong Mataram | datan wande dèn kêthoki | na jêjênêng satugil | Rogapita[195] dyan lumayu | karsanya tur uninga | nulya Pangran Mangkubumi | matur dhatêng kang putra Pangran Dipatya ||
48. dadia têtidhih sira | la[196] nêdhaa magut jurit | malar ta olèha bela | patine Ki Senapati | alah ta uwa igih | sakarsa dika wus rêmbug | sigra tangara munya | wus dandan para prajurit | para putra sadaya sampun siyaga ||
49. sigra tangara wus bubar | prajurite ngati-ati | pra putra mijil sadaya | anitihi gamannèki |
--- [f. 181r] ---
rapak[197] lakuning baris | kajinêman wetan tur wruh | Dipati Gêndhing srigra[198] | tangara lalos nguduri | sampun bubar wong dharat lumakyèng ngarsa ||
50. prajurit anèng ing wutat | padha jêjaranan uni | atata ing lampahira | wong Mataram aningali | sigra para prajurit | tigal[199] gêgaman anusul | bupati para putra | kacandhak tampa lur uni | gaman wetan madhêng[200] tata mudur mara ||
40. Durma
1. bêdhil apasang miranti kang rataka | umangsah wong Matawis | pra putra bupatya | mantri lawan prawira | kinarutug dening bêdhil | suraking bala | lir udan sinamèni ||
2. para putra nora sangsaya mirisa | dadi bungahing ati | lir ngadhêp badhaya | sakèh para prawira | pangamuke ngowak-awik | nubak anigas | anuduk angakahi ||
3. para putra pangamuke kadi Parta | kinarutug ing bêdhil | sinasog ing tubak | linêmbing binrangkolang | suligi kadi garigis | datan tumama | ngamuk saya nêngahi ||
4. lindhu awor wong bang wetan akèh pêjah | prajurit kathah mati | gègère puyêngan | kalidhih wong bang wetan | dêl Surabaya kèh mati | mantri ro pêjah | Jaladra Wiramantri ||
5. Adipati [Adipa...]
--- [f. 181v] ---
[...ti] Gêndhing lan Jayalêlana | sarêng malik kulambi | mundur mukur menda | nora anolèh rencang | nusup galagah andhêlik | samya bêbandhang | sakèh wadya Matawis ||
6. mundur kang mênang prang dhatêng pamodhokan | Pangeran Mangkubumi | rêmbagan utusan | tur uning panêmbahan | sêsandêran kang tinuding | ikang kocapa | Rănggapita wus prapti ||
7. sampun marêk ing sang aji tur uninga | yèn Senapati mati | jêngêr panêmbahan | suwe mêdal kang waspa | gêgêtunira tan sipi | micarèng nala | dhuh jêbèng Senapati ||
8. nora nyana yèn sira nulya palastra | iya ingsun kang sisip | purwane mêngkana | dening bêbadhong ika | isun ikang bogan ugi | lah anak iwang | sira ingsun belani ||
9. atangara panêmbahan ing Mataram | sikêp dalêm abaris | gajah pinalanan | kuda wus kinakapan | arsa bubar nuli prapti | duta tur wikan | wus marêk sri bupati ||
10. atur sêmbah kawula ngutus pun kakang | Pangeran Mangkubumi | ngaturi uninga | kêkasih dalêm pêjah | sampyuh lawan pun Pasagi | atur kêthokan | tiwas pun Mangkubumi ||
11. dening mêsah dalêm mangke sampun sayah | akathah ikang mati | anuwun ing karsa | punapa
--- [f. 182r] ---
linajêngna | dhatêng bang wetan turnèki | pun Mangkubumya | sapidhahipun malih ||
12. jisime Senapatya anuwun karsa | dipun pêtak ing pundi | ngandika narendra | Rănggapita balia | tibalana Mangkubumi | padha muliha | sakèhe wong Matawis ||
13. dening arêp abanjur marang bang wetan | durung măngsa ing mangkin | tur măngsa wurunga | anglurug mring bang wetan | yèn wus mangsane ing benjing | pan putuniwang | angrata tanah Jawi ||
14. lan jisime Senapati dèn pêtêka | aran desa ing Wêdhi | duta nêmbah kentar | sang nata angandika | mring wadya warahên aglis | ya rabinira | putra ngong Senapati ||
15. yèn lakine pralina padha mapaga | marang desa ing Wêdhi | sampun dhinawuhan | kagyat Ni Senapatya | alara-lara anangis | watên putranya | èstri wulanjarnèki ||
16. Mas Balibing kantaka niba ing lêmah | lir grah syaraning tangis | dalêm Senapatyan | dawa winarna brăngta | wus dandan kang samya nangis | kèh rabinira | wragane Senapati ||
17. wong patang puluh kang mati rabinira | alara dènnya nangis | ya ta wus lumampah | Ni Nyai Senapatya | anjujug desa ing Wêdhi | duta kocapa | pasanggrahan wus prapti ||
18. pêpak putra Mataram wus dhinawuhan | satibalan nêrpati | nulya samya [sa...]
--- [f. 182v] ---
[...mya] bubar | mulih dhatêng Mataram | lan jisime Senapati | samya urunan | kinèn mêtak ing Wêdhi ||
19. kang angirid Nayakarti pan wus bubar | sampun prapta ing Wêdhi | Nyai Senapatya | mêthuk ngusya bandhusa | sêsambate amlasasih | putra wanodya | kantaka niba siti ||
20. tan winarna sêsambate kathah-kathah | gawe rasaning ati | jisim wus pinêtak | kocap kang mudur aprang | prapta kitha ing Matawis | katur narendra | panêmbahan wus mijil ||
21. tinibalan prapta ngarsaning narendra | Pangeran Mangkubumi | lawan para putra | samya ngujung sadaya | para mantri atur bakti | Amangkubumya | matur tur tiwas ngaji ||
22. sri narendra aris dènnya angandika | lah kakang Mangkubumi | apa winicara | mapan wus karsani Yyang | sun tutuh sarira mami | ikang akarya | patine Senapati ||
23. panêmbahan amudhut arta busana | pangage ikang adi | sampun ginanjaran | para putra sadaya | miwah ikang para mantri | sampun warata | lirna Ki Mangkubumi ||
24. Saradipa Ki Jêjanggu Kartimăngsa | ginanjar wastra adi | kancana salaka | arta sinung wanodya | Sradipa jinujung ligih | wus ingaranan | Martalaya Dipati ||
25. Ki Jêjanggu sinung kêkasih Ki Arya | Jayasupănta uni | wus jênêng Dipatya | Kartimăngsa winastan | Saradipa Ki Mas Ari | ginanjar Dêmak |
--- [f. 183r] ---
wus jumênêng dipati ||
26. sakèh wong Mataram wus sinungan desa | sapantês-pantêsnèki | sadaya warata | asuka manahira | kondur nata manjing puri | pinarêk lawan | garwa pêpak nèng ngarsi ||
27. angandika para garwa winartanan | patine Senapati | angungun tur sêmbah | akathah ginupita | kang rayi Dipati Pathi | garwa winartan | adan tadhahan mijil ||
28. panêmbahan adhahar lawan kang garwa | tansah dèn pêpiringi | kang garwa atămpa | wusan wus linorodan | tan kawarna wus alami | jêng panêmbahan | gupita gula milir ||
41. Dhandhanggula
1. sri narendra tansah ajarwani[201] | mring kang garwa kang rayi Santênan | mêsah Mataram karsane | garwa tansah tinantun | aturira sumăngga kapti | sri narendra sineba | pêpak wadya agung | nayaka lawan prawira | miwah putra pra santana pêpak nakil | Măndraka anèng ngarsa ||
2. eca gupita na duta prapti | sing Santênan marêk sri narendra | sidhupuh atur sêmbahe | nuwun kula ingutus | rayi nata atur udani | mêngsah wetan gêng prapta | ngandika sang prabu | ya wahrahên[202] ariniwang | isun dhewe besuk ikang anidaki | atulung ing Santênan ||
3. tan susah tulung jurit sang aji | rayi nata taksih klar anandhang | muhung nuwun idi rajèng | kalayyan atur sawung | pêpênêde nagari Pathi | nuwun sawung Mataram | sawiyos kang pujul | lah warahên nora nana | ing Mataram kang prayogi nging kabiri | loro sira gawaa ||
--- [f. 183v] ---
4. padha nom-anom jago Matawis | duta nêmbah mêsat ngarsa nata | Măndraka alon ature | punapaa tan sinung | kakang arinira ing Pathi | wus karsani Yyang Sukma | abalik ing kayun | aluwaran sri narendra | datatita kocapa Dipati Pathi | sineba dening bala ||
5. pêpak kabèh punggawa ing Pathi | kang prawira miwah kang santana | dinadar lèlèr wadyane | agêng alit sadarum | angandika Dipati Pathi | lah bapa Mangunjaya | irupên sadarum | nagara kidul kang băngga | patènana sagupita duta prapti | wus katur lampahira ||
6. mèsêm mirsa asakit kang galih | angandika sira Patradita | mitara seba kang rajèng | duta winêling putus | nêmbah kentar Mangunjaya ngling | kadipundi ing karsa | tan seba Matarum | ing têmah kadya punapa | wruhanira bapa ingsun balik kapti | amusuh kakang nata ||
7. sampun kadya punika yèn kêni | raka dika tan wontên wonira | tuwan balila sang rajèng | mênênga aja muwus | măngsa kondur gon ingsun apti | amusuh ing Mataram | nora kêna mudur | ya wus karsani Yyang Sukma | apan isun ya ba ta wis udani |[203] amasthi lamun kalah ||
8. karsani Yyang pinasthi Matawis | mêmusuhan lan wadya Santênan | apan wus parentah ingong | lampahêna sadarum | kèh nagara sigra wadyèki | bubar samya bêbahak | Blora Jipang Warung | anging nagari ing Dêmak | taksih kawal ikang purun bangkalahi | kocap [ko...]
--- [f. 184r] ---
[...cap] Nata Mataram ||
9. siniba[204] bala pêpak kang mantri | sagupita duta Pathi prapta | tumangmèng ngarsa sang rajèng | Patradita wotsantun | ămba ngutus de rayi aji | angaturkên baktinya | kaping kalihipun | kinèn nuwun waos lawan | jêjêrira kinarya mêthuk kang baris | wong bang wetan kang prapta ||
10. arsa gêcêk nagari ing Pathi | angandika Sang Prabu Mataram | wong gêdhong mudhuta age | waos sigra wus katur | alah ênya waos sadhidhik | aturna ariniwang | Patradita matur | punika waos kewala | iya ingsun nora duwe jêjêrnèki | anging waos kewala ||
11. turna si adhi Santênan dhingin | Patradita nêmbah amit kentar | Dipati Măndraka ture | punapa karsa prabu | sinung waos jêjêr tan mawi | lah kakang wruhanira | rinira rêp mungsuh | angayoni wong Mataram | lah sakèhe wadyabala ing Matawis | padha aprayatnaa ||
12. tan asuwe utusan kang prapti | saking Dêmak ngaturi uninga | yèn Pathi mêpêk barise | saryya angirup-irup | ikang êlèr Warung wus kêni | anging wadya ing Dêmak | dèrèng purun nukul | sumăngga karsa narendra | ngandika ji lah iya balia maning | warahên ari Dêmak ||
13. têka muwêra bae si adhi | duta nêmbah amit sampun mêsat | dèrèng ngadhaton sang rajèng | maksih parentah wau | wong Mataram kèn dandan baris [ba...]
--- [f. 184v] ---
[...ris] | padha ngati-atia | wus saos sadarum | Dipathi[205] Pathi kocapa | dawêgira seneba[206] ing bala mantri | prajuritira pêpak ||
14. Ki Apatih Mangunjaya ngarsi | Arya Sidurja[207] Rajamênggala | jajar aligih ngarsane | Tohpati jajar luguh | Sawunggaling Binarong ligih | ajajar lawan Dêmang | Surèngpati iku | ajajar Ki Pêcattadha | Kandhuruan Wilatikta mugèng ngapti | punika ka santana ||
15. angandika Adipati Pathi | hèh sakèhe mantri-mantriniwang | miwah sanak isun kabèh | pan isun ajêjaluk | rewangana ingong puniki | amusuh ing Mataram | lêbu gêni isun | ngong jaluk pati ripira | sakathahe mantri samya awotsari | nuwun datan lênggana ||
16. pasthini Yyang sun musuh Matawis | kabèh padha atêrêna iwang | ingsun jaluk kawanène | nanging pangrasanisun | nora mênêng[208] pasthi sun mati | priye gon sun mudura | janjini[209] Yyang Agung | wadyanya nangings[210] sadaya | samya matur panêdha kawula gusti | sampun anuli seda ||
17. pan kawula pêjaha rumiyin | yèn wus pêjah sakarsa andika | nèng wuri muktia anggèr | Sawunggaling umatur | dhuh pangeran kawula gusti | yèn alêbu tumangan | mêsah wong Matarum | kawula dhingin pêjaha | nora purun kawula ngawula malih | liyanipun sampeyan ||
18. mantrinira kabèh saur paksi | aturira pan padha mêngkana | samya wutah prasatyane | Dipati Pathi muwus | lah tarima sêtyamu sami | winalêsa dening Yyang | pan sampun amudhut | wastra kalawan barana | agêganjar tan kaliwatan [kaliwata...]
--- [f. 185r] ---
[...n] waradin | nulya kinèn tangara ||
19. bêndhe tinêmbang pêpak kang baris | gêgaman agêng bêndera amyang | lir gunung kawlagar mangke | nulya bubar sadarum | ki dipathi nèng wuri |[211] nitih pun Sariyuda | ginêrbêg wadya gung | kuda pinangagèn mubyar | wadya Pathi polahe lir banthèng kanin | anglir macan tanaya ||
20. tan kawarna lampahe wong Pathi | kawarnaa raja ing Mataram | sineba wadyabalane | kajinêman tur wêruh | yèn wong Pathi bubar nèng margi | anglurug mring Mataram | ngandika sang prabu | hèh wong Mataram tataa | angiringa putraningsun Ki Dipati | iku ingsun kon mapag ||
21. atanapi putra-putra mami | matur Adipati Măndaraka | kadipundi karsa rajèng | anglampahakên sunu | nanging pangrasaning ati mami |[212] rayi Nata Santênan | yèn dede sang prabu | datan wontên kang puruna | panêmbahan ngandika kakang sun êprih | rayi dika elinga ||
22. malah mandar wiranga ing ati | lah ta wêkas isun putraniwang | pamanmu elingna mangke | Mataram duwèkipun | dening arsa amungsuh mami | nora ngladèni iwang | yèn maksa pamanmu | têka sira ladènana | ing jurite nanging ta dèn ngati-ati | pamanira prawira ||
23. alah uwis lah bubara kaki | iki waos lah sira gawaa | tur sêmbah lèngsèr ngarsane | bubar baris sadarum | lampah tata lir pendah ardi | kawlagar tan kawarna | ganti kang kawuwus | Dipati Pathi wus prapta | mondhok Malon gaman gêng wadya Matawis | amondhok Parambanan ||
24. tatan-tatan pan kasaput wêngi | enjing bubar Dipathi Santênan | lumaris ngantêp yudane [yu...]
--- [f. 185v] ---
[...dane] | gaman gêng ing Matarum | wus lumampah kandhêg kang baris | ngling Pangran Adipatya | sakèh wong Matarum | dhêgna dhingin gamanira | sun nêmoni si paman wus kandhêg sami | laju Pangran Dipatya ||
25. kang tut wiking mung wong magêrsari | lan pacara myang para sêntana | pangran sinosongan[213] jêne | Dipati Pathi dulu | sapa ikang mrene dèn iring | magêrsari pacara | warnane abagus | pinêrpêkan Ki Dipatya | awas dulu yèn kang putra asru runtik | ing manah sangêt merang ||
26. de ngamungkên putra mapag jurit | ngrasa binocahan sru ngandika | êndi bapakira thole | kinèn paran sirèku | ikang putra umatur aris | raka dika nèng pura | kinèn mapag ulun | paman ing lampah sampeyan | kinèn matur andika karsa punapi | lumampah mring Mataram ||
27. bakta baris akathah kang wêling | raka dika kajêng panêmbahan | ing Mataram sawarnine | darbèk dika sadarum | sigra angling Dipati Pathi | mênênga putraniwang | isun uga wus wruh | lêgêde ramakmu kuna | wus basane ramakmu ngenaki ati | dèn prih mudura ingwang ||
28. balia tan arsa mudur mami | ramanira sira kon amapag | ing yuda isun musuhe | tan purun kula wangsul | wêwêlinge raka dika ji | yèn tan emut andika | kula kinèn mêthuk | angladèni pêrang dika | ikang paman marêngut dening kapati- | pati ta ramakira ||
29. olèhe majanani ing mami | sira kinon mapag pêrang iwang | tan sun ladèni putra ngong | sun pinta-pinta kalbu | têka ngumah ngong ngame margi | nging bapakira
--- [f. 186r] ---
uga | arêp sun prang pupuh | angadu tosing kulitnya | kuwat balung ngadu pucuk tubak ganting[214] | lah wis sira muliha ||
30. ramakira konên prapta aglis | asru runtik Jêng Pangran Dipatya | kakehan wicara mangke | sigra waos sinambut | ikang paman dipun larihi | kagyat sira anjola | asru dènnya muwus | alah sira iki bocah | lah muliha lumuh ginawe abêcik | nubak malih kang putra ||
31. karasa la Dipati Pathi |[215] sangêt dukane anyandhak tubak | kang putra binuntar age | rahadèn datan emut | wus rinêbut punggawa mantri | binakta pasanggrahan | autusan sampun | mring Mataram tur uninga | adipati kondur suwara ing mantri | hèh padha bêbitinga ||
32. yèn ngrasang[216] sakèhe wong Matawis | yèn dudu kakangmas Senapatya | aja na mêtu sakèhe | nulya biting galuguh[217] | kawarnaa ikang tinuding | jumrajog manjing pura | panêmbahan pangguh | lênggah lawan para garwa | duta nêmbah ămba tur uningèng aji | putra paduka aprang ||
33. lan kang paman kasambut putra ji | anêmêni nênggih panubaknya | panêmbahan jubul mangke | angli ring garwanipun | kaya priye adhinirèki | sun nyana nuli linga | nakmu sun kon mêthuk | nora kang saya mudura | saya darung mudur bocah dèn têmêni | lah nyai paran karsa ||
34. mêngko atêmah mangkana ugi | garwa matur sumăngga ing karsa | kawula tan ngrasa mangke | lamun darbe
--- [f. 186v] ---
sadulur | nadyan awak kawula iki | ala kinarya paran | apa têmên ri sun | lila patine dhinira | kula nora darbe tingal liya aji | donya rawuh ngakherat ||
35. anging sampeyan dadosa gusti | garwa ingaras yayi karia | ngong mijil sun tilikane | putranira puniku | isun tuwanane prangnèki | nata siyaga mêdal | Ki Bicak angukung | gègèr wadya ing Mataram | pan sadaya prasamya amêpêk baris | siyaga nêmbang durma ||
42. Durma
1. sampun pêpak gêgamanira sadaya | miwah para bupati | ingkang tuwa-tuwa | sampun prapta sadaya | Kyai Juru Amartani | pan nora tega | dhatêng kang putra aji ||
2. sampun mangkat panêmbahan ing Mataram | anitih kuda putih | ran pun Bratayuda | lampahe sêsandêran | anging kang para prajurit | kang kêkapalan | iku kang nora kari ||
3. kasaput dalu prapta ing pasanggrahan | rêrêb sadhela uni | wanci bangun rina | dènira ngakat yuda | Ki Bicak tinêmbang kadi | karêngèng wiyat | bubar gaman Matawis ||
4. lir banthèng kanin wong Pathi amiyarsa | puyêngan jro ing biting | tan kêna tinata | maksih pêtêng sêmana | panêmbahan anèng ngarsi | Juru tan têbah | suwe ngulati margi ||
5. arsa manjing biting datan angsal marga | Ki Juru narik kêris | Ki Culik ranira | binabadkên bitingan | galugu tiga watawis | sêdhêng ajaran | Kyai Juru nglingya ris ||
6. iki bêcik dêdalan Ki Senapatya | wus ma[...] |[218] [...] | [...] | [...] | [...] | [...] ||[219]
--- [f. 187r] ---
[...]
--- [f. 187v] ---
[...]
| 1 | angsahêna. (kembali) |
| 2 | angrampid (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.6.1). (kembali) |
| 3 | Măndaraka (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.7.2). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: anèng sajabaning kitha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.9.2). (kembali) |
| 5 | pintune (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.9.3). (kembali) |
| 6 | karsa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.10.2). (kembali) |
| 7 | korine. (kembali) |
| 8 | Lebih dua gatra: gatra ke-6 (8u) dengan lirik berbeda. (kembali) |
| 9 | kilèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.14.3). (kembali) |
| 10 | sru (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.14.4). (kembali) |
| 11 | lêlincak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.18.4). (kembali) |
| 12 | rêbut (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.19.6). (kembali) |
| 13 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wontên ta kaum satunggal (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.24.7). (kembali) |
| 14 | kakang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.29.1). (kembali) |
| 15 | bojonira (dan di tempat lain). (kembali) |
| 16 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i. Bandingkan: sang putri nulya nglampahi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.30.1). (kembali) |
| 17 | cindhe (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.30.3). (kembali) |
| 18 | agawani (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.31.4). (kembali) |
| 19 | nging (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 31.34.7) (kembali) |
| 20 | sineba. (kembali) |
| 21 | dipatya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.3.6). (kembali) |
| 22 | momong (dan di tempat lain). (kembali) |
| 23 | iku. (kembali) |
| 24 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: dipun gèndèng rêmak kang mesa padhati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.4.9). (kembali) |
| 25 | kêna (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.5.2). (kembali) |
| 26 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn nyata arsa guru (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.5.4). (kembali) |
| 27 | bukuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.8.4). (kembali) |
| 28 | ujaring. (kembali) |
| 29 | bolong. (kembali) |
| 30 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: langkung jrih wirang dukaning rama (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.12.2). (kembali) |
| 31 | macan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.12.9). (kembali) |
| 32 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: macan galak kawatgata padha mati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.12.9). (kembali) |
| 33 | sabongkoting (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.13.2). (kembali) |
| 34 | ambaluthah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.13.5). (kembali) |
| 35 | nguntali (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.13.8). (kembali) |
| 36 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: radèn seda kang uling mati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.14.5). (kembali) |
| 37 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lami panêmbahan tan siniwi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.15.1). (kembali) |
| 38 | anyalunthang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.15.5). (kembali) |
| 39 | binênêr (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.16.1). (kembali) |
| 40 | gampangêna (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.17.1). (kembali) |
| 41 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: anging kang gêndèr ayu pan endah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.22.2). (kembali) |
| 42 | ingundang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.23.4). (kembali) |
| 43 | rinêngga-rêngga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.30.3). (kembali) |
| 44 | mănca (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.30.6). (kembali) |
| 45 | pambekane (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.31.3). (kembali) |
| 46 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn tinuruta wak iwang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.32.8). (kembali) |
| 47 | mantune (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.34.3). (kembali) |
| 48 | singgahane (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 49 | nginggati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.38.6). (kembali) |
| 50 | kuwănda (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.38.9). (kembali) |
| 51 | sataun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.42.1). (kembali) |
| 52 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus sataun Mas Banawa sakit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.42.1). (kembali) |
| 53 | tintrim (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.48.9). (kembali) |
| 54 | Mangkubumi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.48.9). (kembali) |
| 55 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus lênggah ing witana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.48.10). (kembali) |
| 56 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: gih jumurung ing karsanira sang aji (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.54.9). (kembali) |
| 57 | mundhi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.55.6). (kembali) |
| 58 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Pangalasan Matawis wus prapti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.56.1). (kembali) |
| 59 | wangsit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.57.9). (kembali) |
| 60 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dan Pangalasan nêmbah wus amit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.58.1). (kembali) |
| 61 | sing (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.58.2). (kembali) |
| 62 | abdi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 32.58.9). (kembali) |
| 63 | parentahing (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 33.1.1). (kembali) |
| 64 | ênêngna. (kembali) |
| 65 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nêngna ing Arga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 33.2.6). (kembali) |
| 66 | nganti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 33.3.2). (kembali) |
| 67 | Lebih satu gatra: gatra ke-5 (8i) dobel dengan lirik berbeda. (kembali) |
| 68 | anuntên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 33.4.4). (kembali) |
| 69 | Sinuwun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 33.5.7). (kembali) |
| 70 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tan kawarna wus marêngi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 33.8.5). (kembali) |
| 71 | pawingking (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 33.11.1). (kembali) |
| 72 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu i. Bandingkan: tinon gaman Mêtawis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 33.11.2). (kembali) |
| 73 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Wirasaba Malang Kdhiri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 33.13.5). (kembali) |
| 74 | Kalangbrèt (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 33.13.7). (kembali) |
| 75 | tampan-tinampan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 33.26.5). (kembali) |
| 76 | angămbra-ămbra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 34.2.7). (kembali) |
| 77 | minggat. (kembali) |
| 78 | Kadhiri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 34.6.8). (kembali) |
| 79 | Kurang satu suku kata: kajinêman tur uning. (kembali) |
| 80 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Adipati Măndaraka akèn bubar (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 34.8.9). (kembali) |
| 81 | kadipundi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 34.9.8). (kembali) |
| 82 | rêrangkaha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 34.10.2). (kembali) |
| 83 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ana daya manira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 34.11.7). (kembali) |
| 84 | tuding (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 34.12.2). (kembali) |
| 85 | Biasanya guru lagu i. Bandingkan: asaosa tandhu lawan joli (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 35.1.4). (kembali) |
| 86 | joli. (kembali) |
| 87 | Disari. (kembali) |
| 88 | ginêbang. (kembali) |
| 89 | jinoli. (kembali) |
| 90 | gêbang. (kembali) |
| 91 | mangko (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 35.8.2). (kembali) |
| 92 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kinèn turkên bêkti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 35.12.5). (kembali) |
| 93 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sampun kawrat salêbêting tulis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 35.13.4). (kembali) |
| 94 | anêdya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 35.15.3). (kembali) |
| 95 | angrês (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 35.18.2). (kembali) |
| 96 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Dipati Madiun prih ebate (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 35.25.3). (kembali) |
| 97 | angge-angge (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 36.9.2). (kembali) |
| 98 | Măndarakèku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 36.9.6). (kembali) |
| 99 | mangrênggani. (kembali) |
| 100 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lajêng surake lir gêrah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 36.15.4). (kembali) |
| 101 | sundawa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 36.16.2). (kembali) |
| 102 | camêthi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 36.21.2). (kembali) |
| 103 | tunjang-tinunjang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 36.22.3). (kembali) |
| 104 | anjola (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 36.27.4). (kembali) |
| 105 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nora nyana isun wong Mataram (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.1.2). (kembali) |
| 106 | dhuwung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 36.8.8). (kembali) |
| 107 | tan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.9.9). (kembali) |
| 108 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: punapa liripun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.15.7). (kembali) |
| 109 | arsa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.16.10). (kembali) |
| 110 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: rêmbag arsa nungkula (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.16.10). (kembali) |
| 111 | Kurang satu suku kata: ngrasa datan kawawi nadhahi. (kembali) |
| 112 | kunir (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.19.1). (kembali) |
| 113 | êndi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.24.1). (kembali) |
| 114 | kinèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.24.9). (kembali) |
| 115 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: isun kinèn amapaga ing ajurit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.24.9). (kembali) |
| 116 | ngèngkèl. (kembali) |
| 117 | nguciwani (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.28.9). (kembali) |
| 118 | anêkung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.29.10). (kembali) |
| 119 | pincang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.32.5). (kembali) |
| 120 | kajodhi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.32.9). (kembali) |
| 121 | dipati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.33.7). (kembali) |
| 122 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ki dipati dulu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 37.33.7). (kembali) |
| 123 | lami (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.1.6). (kembali) |
| 124 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Senapati Kadhiri ku (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.3.3). (kembali) |
| 125 | yèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.4.7). (kembali) |
| 126 | Lebih satu suku kata: kunêng Nata Matram lagya siniwi. (kembali) |
| 127 | anênggih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.8.2). (kembali) |
| 128 | anjangkêpi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.9.2). (kembali) |
| 129 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: apan dadya banthèng nagri Matawis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.10.2). (kembali) |
| 130 | ginadhang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.11.1). (kembali) |
| 131 | Bathothot (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.11.2). (kembali) |
| 132 | Lebih satu suku kata: Mas Bathothot Dipati Jayaragi. (kembali) |
| 133 | Tambaga (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.12.1). (kembali) |
| 134 | Lebih satu suku kata: kunêng bêbukaning tulis tur bakti. (kembali) |
| 135 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kang sampun tuk sih Yyang Widi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.13.7). (kembali) |
| 136 | yèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.15.4). (kembali) |
| 137 | têdhak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.16.3). (kembali) |
| 138 | Panêmbahan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.17.2). (kembali) |
| 139 | mirsa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.17.2). (kembali) |
| 140 | utusan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.18.5). (kembali) |
| 141 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sun utusan mapag dandana dèn gupuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.18.5). (kembali) |
| 142 | Kartimăngsa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.18.6). (kembali) |
| 143 | tininggil. (kembali) |
| 144 | pinanjangna. (kembali) |
| 145 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lamun sira yakti bêbukan tulis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.22.2). (kembali) |
| 146 | ênting (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.22.7). (kembali) |
| 147 | pêpak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.28.5). (kembali) |
| 148 | ambêdhili (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.31.7). (kembali) |
| 149 | Lebih satu suku kata: bêdhilira ngarêpkên dhuwur sami. (kembali) |
| 150 | Lebih satu suku kata: Senapati ngandika mring ri kalih. (kembali) |
| 151 | Balimbing (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.33.5). (kembali) |
| 152 | ngalumpuka (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.34.2). (kembali) |
| 153 | Lebih satu suku kata: sakèh ngèstri kinêpang têngah sami. (kembali) |
| 154 | enjing (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.36.2). (kembali) |
| 155 | Lebih satu suku kata: pan tumingal santana ngatag sami. (kembali) |
| 156 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Wiramênggala sampun panggih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.40.2). (kembali) |
| 157 | mlad (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.40.7). (kembali) |
| 158 | Wiramênggala (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.41.2). (kembali) |
| 159 | binêdhah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.41.7). (kembali) |
| 160 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kangjêng rama nora kon bêdhah Kdhiri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.42.2). (kembali) |
| 161 | ngarsi-arsi. (kembali) |
| 162 | saonjotan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.45.1). (kembali) |
| 163 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: sakèh tawan dinèkèn anèng ngarsi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.47.2). (kembali) |
| 164 | paningsêtipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.49.5). (kembali) |
| 165 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: miwah pangagening èstri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.49.7). (kembali) |
| 166 | katimbalan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.51.5). (kembali) |
| 167 | anglangsur (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.53.4). (kembali) |
| 168 | rambut (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.56.7). (kembali) |
| 169 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: abdi dalêm tiga katur sang aji (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.57.2). (kembali) |
| 170 | Lebih satu suku kata: muga tinêtêpna imanirèki. (kembali) |
| 171 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sang nata ngandika mring Senapati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.61.2). (kembali) |
| 172 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: badan kula sakojur ngawula ji (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.62.2). (kembali) |
| 173 | lompongan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.65.5). (kembali) |
| 174 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kutha bacingah dadi dèn babadi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 38.67.2). (kembali) |
| 175 | ăndha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.1.9). (kembali) |
| 176 | jêbèng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.2.3). (kembali) |
| 177 | Lebih tiga suku kata. Bandingkan: yèn èstu kalangkung dening (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.2.8). (kembali) |
| 178 | suminggah. (kembali) |
| 179 | Sêmanggi (dan di tempat lain). (kembali) |
| 180 | Rănggalêlana (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.4.9). (kembali) |
| 181 | nganti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.8.2). (kembali) |
| 182 | kagyat (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.10.7). (kembali) |
| 183 | buwana (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.11.3). (kembali) |
| 184 | owêl (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.16.8). (kembali) |
| 185 | nimbangi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.27.2). (kembali) |
| 186 | Kurang satu gatra: gatra ke-9 (12a). Bandingkan: lawan kadang arampa [arampak] dènira yuda (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.30.9). (kembali) |
| 187 | Kurang empat gatra: gatra ke-1 (8a), ke-2 (8i), ke-3 (8a) dan ke-4 (8i). Bandingkan: along pangamukira | wong wetan kathah kang kanin | Si Ranupang wus pralaya | gya tinigas murdanèki | wong wetan samya wiwrin | akathah samya lumayu | datan măngga puliha | akathah jalma ngêmasi | salang tunjang lumayu arêbut ngarsa || (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.31.1-9). (kembali) |
| 188 | katêmua (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.33.3). (kembali) |
| 189 | tolihên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.35.8). (kembali) |
| 190 | nolèh (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: nolih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.36.3). (kembali) |
| 191 | angundhat-undhat. (kembali) |
| 192 | gandèrèh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.40.5). (kembali) |
| 193 | Biasanya guru lagu a. Bandingkan: kêna (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.42.1). (kembali) |
| 194 | binandhusa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.44.1). (kembali) |
| 195 | Rănggapita (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.46.6). (kembali) |
| 196 | lah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.47.2). (kembali) |
| 197 | rampak (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.48.5). (kembali) |
| 198 | sigra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.48.7). (kembali) |
| 199 | tinggal (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.49.6). (kembali) |
| 200 | majêng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 39.49.9). (kembali) |
| 201 | anjarwani (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.1.1). (kembali) |
| 202 | warahên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.2.8). (kembali) |
| 203 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: apan ingsun ya bapa ta wis udani (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.7.9). (kembali) |
| 204 | sineba (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.9.1). (kembali) |
| 205 | Dipati (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.13.8). (kembali) |
| 206 | sineba (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.13.9). (kembali) |
| 207 | Sindurja (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.14.2). (kembali) |
| 208 | mênang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.16.5). (kembali) |
| 209 | janjining (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.16.7). (kembali) |
| 210 | nangis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.16.8). (kembali) |
| 211 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: Ki Dipati Pathi nèng wuri (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.19.5). (kembali) |
| 212 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nging pangrasaning ati mami (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.21.5). (kembali) |
| 213 | sinongsongan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.25.3). (kembali) |
| 214 | ganti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.29.9). (kembali) |
| 215 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: karasa lara Dipati Pathi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.31.1). (kembali) |
| 216 | ngrangsang. (kembali) |
| 217 | galugu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 41.32.4). (kembali) |
| 218 | Kurang lima suku kata: mungkin terdapat di halaman berikutnya yang tidak ada. (kembali) |
| 219 | Kurang lima gatra: gatra ke-3 (6a), ke-4 (7a), ke-5 (8i), ke-6 (5a), ke-7 (7i). Mungkin terdapat di halaman berikutnya yang tidak ada. (kembali) |